Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121 (Pupuh 15-30)

Katalog:Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121
Sambung:
1.Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121 (Pupuh 01-14). Bahasa dan Budaya | Wayang #1231.
2.Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121 (Pupuh 15-30). Bahasa dan Budaya | Wayang #1232.
3.Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121 (Pupuh 31-38). Bahasa dan Budaya | Wayang #1233.

15. Asmaradana

1. tan gothang dènnya ngabêkti | nut satataning agama | sang pandhita dahat sihe | kocap ing alama-lama | wau Jakasangkala | cukul graitèng tyas ayun | nyakabat mring Nabi Ngisa ||

2. umatur mring Ngusman Aji | dhuh sang digbya guru amba | kang mungkul mring kautamèn | yèn kaparêng lan karsanta | amba yun puruhita | dhatêng panjênênganipun | rohollah Jêng Nabi Ngisa ||

3. sang pandhita amangsuli | hèh kulup Jakasangkala | sun tan jumurung wit dene | tan wurung kalantur sira | brônta nêmbah mring Allah | bakal cupêt lêlakonmu | môngka karsaning Pangeran ||

4. kang ngodrat makluk sakalir | anitahkên marang sira | kinarsakkên mêncarake | janma marang pulo dawa | kang mêngko maksih sonya | pêrnah kidul wetan Ngindhu | aja sumêlang tyasira ||

5. mituruta ujar mami | marga ingsun wus pramana | bakal lêlakonmu [lê...]

--- 99 ---

[...lakonmu] kabèh | lan manèh ing besuk ana | kêkasihing Pangeran | yaiku nabi panutup | Mukamad dutaning Allah ||

6. nèng Mêkah dènira lair | kanggonan cahya nurbuwat | pinêsthi sira ing têmbe | kulup dadi sakabatnya | Jakasangkala nabda | dhuh paguroning pra agung | benjing punapa wiyosnya ||

7. wau jêng nabi kêkasih | kang tinanya nambung sabda | kulup mungguh ing wiyose | nuring rat jêng nabi duta | wiwit sadina mangkya | kurang limang atus taun | atas karsaning Pangeran ||

8. sira ing besuk mênangi | krana sira bisa ngambah | ing tanah lulmat angombe | tirta kamandhanu marta | yèku kang môngka srana | kulup dawane umurmu | nanging mêngko durung môngsa ||

9. yèn sira wus angisèni | janma marang pulo dawa | lah ing kono sira thole | nulya marang tanah lulmat | lan sira sumurupa | yèn ing mêngko sudarmamu | gone ayasa gêgaman ||

10. katrima ing Hyang Pramèsthi | antuk ganjaran nagara | ramanta jumênêng katong | mêngko ing Surati praja | parab Prabu Iwagsa | kang iku sarèhne kulup | wus akèh wêwulang [wêwu...]

--- 100 ---

[...lang] ingwang ||

11. sarta sira wus mumpuni | kawruh sampurnèng agama | karsaningsun prayogane | sira dhèrèka ramanta | anèng Surati praja | marga nora lawas kulup | ana dahuruning jaman ||

12. dene ta ingkang jalari | mukjijate Nabi Ngisa | gone karsa nyirnakake | marang Sang Hyang Jagadnata | besuk sak môngsa-môngsa | pra dewa padha kaplayu | aninggal kayanganira ||

13. ramanta nuli nututi | jêngkare Hyang Girinata | tan ana manèh yogane | sapungkure ramanira | agumanti narendra | kajaba mung sira kulup | mulane mêngko muliha ||

14. ngrasakna wibawa mukti | mung wêkas ingsun manawa | sira manggon nèng tlatahe | tanah Hindi ingkang bisa | anut ing tatacara | rèhne ing kono kalaku | wong padha mangeran dewa ||

15. sira milua nglakoni | nêtêpi wêwaton adat | muhung mung batinmu bae | dèn kukuh aywa kagiwang | panêmbahmu mring Allah | Jakasangkala mituhu | pituturing guronira ||

16. nulyamit wus dèn lilani | mangkat nanging datan arsa | ngatonkên kaprawirane | apan mung malampah dharat |

--- 101 ---

ing marga tan winarna | lêpas lampahira sampun | prapta ing Surati praja ||

17. wus kapanggih lan sudarmi | Jakasangkala wêwarta | sadaya lêlampahane | ing purwa madya wusana | kang rama duk miyarsa | ing aturing putranipun | dahat sukaning wardaya ||

18. ya ta mangkana winarni | rohollah Jêng Nabi Ngisa | wus madêg kanabèane | pangastanirèng agama | kukuh sru kinêncêngan | wus kathah sakabatipun | para pandhita sutapa ||

19. duk samana kangjêng nabi | ginubêl mring pra sêkabat | samangkana ing ature | dhuh gusti panutan amba | kang mungkul mring kutaman | lan wajib ngayomi sagung | titahing Allah tangala ||

20. sarta kang tan pisan kenging | kalepetan ing duraka | paduka wajib èstune | nyirnakakên para dewa | kang purun ngakên pangran | kahyangan ardi Tangguru | kangjêng nabi èsmu awrat ||

21. dènira arsa nglêgani | panuwune muridira | rèhne kangjêng nabi dèrèng | angsal sasmitèng Pangeran | kabujung pra sakabat | sangêt ing panggubêlipun | rumaos yèn kawajiban ||

16. Durma

1. têmah datan mundur ing galih tumulya | maladi

--- 102 ---

sêmadining | nêgês karsaning sang | murwèng saisining rat | saksana ngraga suksma nir | kamanungsannya | waspadèng driya wêning ||

2. katarimèng sêdya jêng nabi gya ngasta | lêmpung ginlintir-glintir | sanalika dadya | sajuga paksi dara | umawa wisardi mandi | paksi umêsat | sumungsung ing wiyati ||

3. praptèng madyantara ngambara mangetan | kunêng Hyang Sidajati | datan kasamaran | yèn badhe kadhatêngan | paksi mawa wisa mandi | kang asli saka | mukjijating jêng nabi ||

4. gya dhêdhawuh mring putra santananira | pinrih nglêmpaka sami | wontên ngarsanira | katungka praptanira | paksi dara nèng wiyati | sarta sru nabda | hèh hèh Hyang Pasupati ||

5. praptaningsun ing kene iki angêmban | dhawuh timbalan Nabi | Ngisa putrèng Allah | kang sipat rahkim rahman | nimbali ing sira tuwin | wadyabalanta | kèrida laku mami ||

6. yun winruhkên tatacaraning agama | nêmbah mring Maha Suci | ingkang kinawasa | murwèng rat saisinya | eling-eling aywa kongsi | kalantur sira | ngaku pangraning bumi ||

7. wruhanamu tan ana Pangeran liya | muhung Allah pribadi | kang wajib sinêmbah | lamun sira [si...]

--- 103 ---

[...ra] lênggana | rasakna tan wurung pasthi | kahyanganira | rusak padha saiki ||

8. Sang Hyang Guru miyarsa wuwusing dara | sru kabranang ing galih | gya angsung sasmita | dhumatêng para dewa | umangsah mikut ngêbyuki | paksi ngumbara | para dewa nututi ||

9. rêbut dhuwur nanging pra dewa kasoran | ponang pêksi tumuli | kuping cucukira | drojos ngêtokke wisa | ambyar byar kabuncang angin | dêrês lir udan | pra dewa mirut miris ||

10. pêksi dara nèng gêgana kêkalangan | midêr datan nganggopi | angudani wisa | Junggringslaka kèbêkan | widadari ting jalêrit | panasing wisa | tikêl sapuluh gêni ||

11. para dewa dèwi sangêt kawlasarsa | nyipta gênging bilai | gya tilar kahyangan | ngumbara ngidul ngetan | nanging paksi dara maksih | anglut tan kêndhat | wisane anibani ||

12. para dewa dèwi byar bubar sar-saran | amung Hyang Wisnumurti | kang kalis ing wisa | dene dènnya lumajar | cipta mung dhèrèk sudarmi | palajarira | Sang Hyang Prawata Aji ||

13. saha garwa putra myang wandu-wandawa | prapta ing pulo sêpi | pêksi dara tansah | anglut akalangan |Kurang satu suku kata: anglut akêkalangan.

--- 104 ---

Hyang Guru nulya ngèngêti | yèn darbe putra | kang pinunjul sabumi ||

14. nulya nabda hèh kulup Wisnu wruhanta | manawa manuk iki | nora nuli sirna | pra kadang warganira | tan wurung nêmu bilai | payo dèn kêbat | anulungana kaki ||

15. Sang Bathara Wisnumurti sanyatanya | tan ajrih nanggulangi | ardaning bêbaya | kapalang durung ana | pangandikaning sudarmi | sangêt jrihira | bok ginalih nglancangi ||

16. sigra ngayat ing sanjata cakranira | lumêpas angênani | pêksi dara dhawah | tlatahing tanah Padhang | nèng imbanging Mrapi ardi | dadya talaga | upas tirtane wêning ||

17. sasirnane paksi ana kapiyarsa | jumêgur ing witatiwiyati. | lir gêlap barungan | cakrawala kèdêran | mabyungan lesus wor angin | dhêdhêt limêngan | bagaskara sumilip ||

18. para dewa dèwi bingung bilunglungan | ing tyas sadarpa titis | dupi wus tri dana | soroting diwangkara | andêdêl lamuk kawardi | padhang sumêblak | rêp-rêp gara-gara nir ||

19. rèhning sampun tri ari sudiwangkara | datan nyunari bumi | kapalang ampuhan | marma dupi katingal | ngagètkên raosing jisim |

--- 105 ---

panas kaliwat | mila pra dewa dèwi ||

20. kraos sangêt lêsah salit ôngga prungsang | kasidèn gya manoni | yèn ngimbang ing arga | wontên juga talaga | sangêt wêning ingkang warih | gya para dewa | pra dèwi marêpêki ||

21. sami datan pisan-pisan anglêgewa | dêlasan Hyang Pramèsthi | ugi kasamaran | mring kadadyaning tlaga | sruning kasatan tumuli | arêrêbutan | kang nginum punang warih ||

22. sanalika sami andhawah kantaka | kalajêng angêmasi | mung Bathara Suman | kang ora mèlu seda | pra dewa myang widadari | nèng pinggir tlaga | balasah sungsun pipit ||

23. Sang Hyang Guru pribadi pangunjukira | sinêmprotakên awit | raosirèng tirta | asangêt bêntèrira | ananging tumus mring jawi | Hyang Girinata | kang tênggak bêlang putih ||

24. nulya èngêt yèn darbe pusaka tirta | panguripaning bumi | para widadara | widadari kang seda | lathinya dipun tètèsi | ing sanalika | mung lir nendra tinangi ||

25. sami wungu sangêt ing pangungunira | Hyang Guru gya bêbisik | Sang Hyang Nilakôntha | kabêkta dènnya cacat | kang jalaran saking warih | bêlang tênggoknya |

--- 106 ---

ya ta pra dewa dèwi ||

26. angambara mangetan saksana prapta | pungkasing pulo sêpi | Hyang Guru tumingal | panjanging pulo sonya | ngungun dene tan ngiribi | lan wiyarira | Hyang Guru mangkana ngling ||

27. mring pra dewa pulo iki karsaningwang | samêngko sun paringi | jênêng pulo Jawa | para ingkang miyarsa | sadaya anayogyani | kocap samana | Sang Hyang Paramasidhi ||

28. nulak wangsul mangilèn malih tindaknya | tan adangu dumugi | graning Lawu arga | Hyang Guru sru kacaryan | manoni tlatahing ardi | yeka kang nama | nênggih Mahendra giri ||

29. duk samana dèrèng namardi Mahendra | nèng ngriku Hyang Pramèsthi | nulya makahyangan | buka Rêtna Dumilah | mèsi gambaring swarga di | tuwin naraka | para dewa myang dèwi ||

30. nulya sami ingunjukan tirta marta | supados datan kêni | seda lir nalika | wontên ing ardi Padhang | pira-pira dewa dèwi | kang ingunjukan | prandene banyu urip ||

31. datan kalong masih ngêbaki wêwadhah | samana Hyang Pramèsthi | nulya paring nama | wau kahyanganira | ing Junggringsalaka tuwin | Arga Dumilah |

--- 107 ---

pasang rekane rakit ||

32. datan siwah lan kahyangan Ngimalaya | kunêng ingkang winarni | Sang Prabu Iwagsa | natèng Surati praja | miyarsa yèn Hyang Pramèsthi | sagarwa putra | jêngkar mring puopulo. sêpi ||

33. para kulawarga andhèrèk sadaya | Prabu Iwagsa nuli | sèlèh kaprabonnya | ing putra Sang Sangkala | wus madêg nata bêbisik | Prabu Isaka | wau ingkang sudarmi ||

34. nusul tindakira Sang Hyang Jagadnata | cinarita wus prapti | ing Arga Dumilah | wau Prabu Iwagsa | nulya dados dewa malih | wangsul anama | Bathara Anggajali ||

35. awit saking dhawuhnya Hyang Girinata | Bathara Anggajali | saha ingkang rama | Ramayadi Bathara | sami kinèn nambut kardi | yasa gêgaman | nèng graning ardi Mrapi ||

36. êmpu kalihira gya sami tumandang | dènira nambut kardi | ginêlak tan lama | sakèhing astra dadya | katur ing Sang Hyang Pramèsthi | duk katupiksa | dados dhangan ing galih ||

37. Sang Hyang Girinata dènnya makahyangan | nèng graning Lawu ardi | saha garwa putra | myang pra wandu-wandawa | wus têntrêm tyasira sami | mangkya kawarna | Hyang Guru lan sang sori ||

--- 108 ---

17. Sinom

1. angenggar noming wardaya | anitih lêmbu Andini | midêr-midêr ing gêgana | duk praptèng luhur jaladri | salèring pulo Jawi | wanci surya mèh sumurup | nyunari mega-mega | langên anglangut ing langit | sakathahing rêrupan asri kawuryan ||

2. Dèwi Uma sanalika | wimbuh endahirèng warni | sumunaring mega jênar | pagut lan manising liring | liyo-liyo ingèksi | pasuryan wênês ngênguwung | mradapa maya-maya | Hyang Guru myat ing sang sori | sanalika sangêt kumênyut ing driya ||

3. kapengin karon asmara | ananging sang pramèswari | sangêt dènira lênggana | ingirih-rih tan nglanggati | rèh sru wirang manawi | sarêsmi nèng gigir lêmbu | têmah darbe paminta | kasarantosna rumiyin | ngantosana yèn wus rawuh ing kahyangan ||

4. nanging Sang Hyang Jagadnata | sangêt tan kampah ing galih | nulya nandukkên wasesa | mangsah amrajayèng rêsmi | Dèwi Uma nginggati | Hyang Guru kamane korut | dhawah madyèng samodra | baya karsane Hyang Widhi | dènnya karya kaelokaning pra dewa ||

5. kama dhawahnya samodra | mawa sabawa kapyarsi | jumêgur ngèbêki jagad |

--- 109 ---

toyane kang jalanidhi | umob anggêgirisi | Dyah Uma matur ring kakung | dhuh guru laki amba | kang satuhu ambawani | ing bawana ingkang pra dewa tumitah ||

6. pukulun karsa paduka | sangêt anganyar-anyari | karsa badhe sacumbana | ing sagèn-ênggèn tan mawi | asarantos sakêdhik | kados bêbudèning diyu | ya ta Hyang Girinata | sami sanalika nuli | mawa siyung kenging upataning garwa ||

7. asangêt kagyat wusana | nglênggêr jêtung tan kêna ngling | ngraos sangêt lingsêmira | saha sru dènnya prihatin | saksana kondur dupi | rawuh ing kahyanganipun | nulya karsa pêparap | Hyang Ratu Wandha wit saking | dènnya cacad darbe siyung lir rasêksa ||

8. ya ta wau kama salah | kang dhumawah ing jaladri | tansah murub ngalad-alad | yayah ngayuh ing wiyati | swaranya gêgirisi | lir rêging arga gumuntur | pra dewa sangêt kagyat | nulya sami anêdhaki | mring samodra ing ngriku wontên katingal ||

9. maujud angkara-kara | murub lir soroting rawi | pra dewa sru pangungunnya | kodhêng tan bangkit andugi | dhatêng yaktining warni | mila amilalu wangsul | angaturi

--- 110 ---

uninga | ing Sang Hyang Paramasidhi | Sang Hyang Guru mangkana pangandikanya ||

10. hèh pra dewa wruhanira | kang murub madyèng jaladri | yèku aran kama salah | lah payo sira dèn aglis | tumandanga ngêbyuki | gêgaman dimène surut | kang tinuduh gya mêsat | sikêp dêdamêling jurit | praptaning don nglêpaskên sanjatanira ||

11. nanging sakèhing gêgaman | tan ana kang miyatani | baya iku karsanira | Pangeran kang murwèng bumi | dènira arsa kardi | kaelokaning tumuwuh | miwah minôngka tôndha | yèn kuwasanira yêkti | nora kêna ginayuh dening manungsa ||

12. saya dangu kama salah | saya agêng têmah kèksi | asalin sipat rasêksa | agêngnya kagiri-giri | sakèhing astra dadi | saranduning badanipun | cangkêm adhêlak-dhêlak | lir parang ronging jaladri | gora nabda murugi gyaning pra dewa ||

13. pitakèn ingkang yêyoga | para dewa sangêt ajrih | byar buyar mlayu sarsaran | wangsul maswèng Hyang Pramèsthi | kama salah nututi | dumugi ing ngarsanipun | Sang Hyang Prawata Raja | pra dewa gugup sumingkir | kama salah mangkana asru manabda ||

--- 111 ---

14. ah ah sira iku sapa | dene têka cilik mênthik | cahyamu gumilang-gilang | lungguh nèng ngarêp pribadi | wani marêk lan mami | Hyang Jagadnata ing ngriku | tan pisan mawi ulap | sêmu ayêm amangsuli | hèh wruhanta sun iki ratuning jagad ||

15. aran sun Hyang Jagadnata | kama salah suka myarsi | nabda yèn mangkono sira | wikan kang yêyoga mami | Hyang Pramèsthi mangsuli | pasthi kewala yèn wêruh | nanging manawa sira | kadêrêng kudu udani | sudarmanta sranane angabêktia ||

16. marang panjênêngan ingwang | yèn tan mangkono sun suthik | wèh pituduh marang sira | kama salah gya ngabêkti | sarêng tumungkul nuli | pinagas thi-athènipun | lan kinêthok remanya | dadoskên kagèt kêpati | gya tumênga siyunge kalih cinandhak ||

17. pinugut pêpucukira | ilatnya ingasta nuli | cinublês lawan gêgaman | upasira sami mijil | kama salah tumuli | dheprok larut bayunipun | sasat tan darbe krêkat | upasnya kacipta nunggil | lan pucuke siyunge kêkalih pisan ||

18. anulya dadya sanjata | ingkang kiwa Pasopati | ingkang

--- 112 ---

têngên nama Konta | manabda Hyang Sidhajati | samêngko sun tuturi | sajatine sudarmamu | ya panjênêngan ingwang | lan sira ingsun paringi | padunungan yaiku Nuswakambangan ||

19. jênênga Bathara Kala | karana sira duk lair | nuju wayah candhikala | lan ing têmbe sun paringi | pêpancènira bukti | Bathara Kala mituhu | sanalika umangkat | sasolahnya tan winarni | kocap sampun prapta ing Nuswakambangan ||

20. kunêng Sang Hyang Jagadnata | dukanira dèrèng lilih | bab dènnya nêmahi cacat | adarbe siyung utawi | putra warni rasêksi | wit saking upatanipun | pramèswari Dyah Uma | kondur mring kaswargan nuli | pinêthukkên kang garwa angaras pada ||

21. Hyang Guru datan sarônta | anyêndhal ukêling sori | Dyah Uma kiswane wudhar | gya sampeyane kêkalih | rinêgêm dipun jungkir | nèng ngandhap mustakanipun | sang dyah anjrit karuna | sambat sêbute mlasasih | wuwuh-wuwuh dhuh guru laki kawula ||

22. dene têka ambêg swarda | midosa ing wong tan sisip | dhuh ila-ila punapa | ingkang kawula lampahi | botên [bo...]

--- 113 ---

[...tên] wande nêmahi | papa cintraka kang agung | dhuh pangran nadyan amba | ginaliha lêpat ugi | padukèstu wajib paring pangaksama ||Di dalam bait ini ada grafik: Nabi Adam tuwin Babu Kawa, kaseba para putra 6 iji.

23. nanging Sang Hyang Jagadnata | tan pisan sarèh kang runtik | malah nabda sru mêmirang | hèh ta Uma sira iki | pêthingane pawèstri | mungguh ayune warnamu | nanging keswanta wudhar | reyap-reyap gêgilani | jêrit-jêrit kaya pangriking rasêksa ||

24. sang dyah lir kênèng upata | sanalika salin warni | dados danawèstri nulya | dèn culkên dheprok nèng siti | Sang Hyang Guru umèksi | sangêt ing pangungunipun | jêtung datanpa nabda | gêtun miduwung ing galih | sang dyah maksih sru karuna ngaras pada ||

25. Sang Hyang Jagadnata nabda | hèh Uma wis aja nangis | nora liwat narimaa | gonmu arupa rasêksi | iku tan liya yêkti | karsaning Kang Murwèng Tuwuh | lan manèh sumurupa | jodhonira wus pinasthi | iya iku sutèngsun Bathara Kala ||

26. manggon nèng Nuswakambangan | lan sira ingsun paringi | panêngran Bathari Durga | payo mangkata tumuli | Dèwi Uma wotsari | mêsat wus datan kadulu | praptèng Nuswakambangan |

--- 114 ---

wontên ing ngriku kapanggih | lan Hyang Kala kocap wus lajêng ginarwa ||

27. nahên ta Hyang Jagadnata | saklangkung singkêl ing galih | tansah nanêtah sarira | gagêtun rumôngsa sisip | mring ruwating prihatin | gya nêgês ing karsanipun | Bathara Kang Minulya | saksana mangsah sêmadi | mêsu cipta amatèni pôncadriya ||

28. tan antara myating cahya | padhang nglimputi sabumi | ing ngriku Hyang Jagadnata | wêning ngumala ing galih | tan kasamaran bilih | kang uwa ingkang jêjuluk | Sang Hyang Caturkanaka | darbe garwa kang nêtêpi | utamane wadon Dyah Laksmi namanya ||

29. sang dyah wus pêputra tiga | dene citranya sang dèwi | kêmbar lawan Dèwi Uma | kala dèrèng sipat yaksi | putrane Dèwi Laksmi | kang pambajêng namanipun | Sang Hyang Kanekaputra | Hyang Pritanjala Pamadi | wragil putri Dyah Tiksnawati namanya ||

30. wau Hyang Caturkanaka | ugi maksih darbe siwi | anama Hyang Caturwarna | Hyang Caturboja kang rayi | ananging sanès bibi | lan putra kang tiga wau | Dyah Laksmi kang winarna | cinipta ing Hyang Pramèsthi | mung sakêdhèp netra prapta ngarsanira ||

31. sang rêtna

--- 115 ---

nulya ginarwa | saha lajêng angêtrêpi | anama Bathari Uma | cinarita Hyang Pramèsthi | dènnya nèng pulo Jawi | sampun gangsal wêlas taun | têrang ing pamyarsanya | nagari ing Banisrail | yeka Kangjêng Nabi Ngisa sampun seda ||

32. sukèng tyas Hyang Girinata | jêngkar saking pulo Jawi | saha kulawarganira | wangsul dhatêng tanah Hindhi | pra dewa widadari | kêbut sadaya tumutur | Hyang Guru tindakira | jujuk ing Selan nagari | akahyangan nèng graning ardi Kelasa ||

33. rinêngga sarwa kêncana | sêsotya nawarêtnadi | endah wêwangunanira | myang kôntha-kanthaning rakit | rêrekan sarwa asri | karya rêsêping pandulu | kathah para narendra | kang lajêng sami ngyasani | kabuyutan wontên ing imbanging arga ||

18. Pangkur

1. pangkur gantya kang winarna | Sang Hyang Caturkanaka sru prihatin | kang ketang mung garwanipun | sasolah bawanira | milangêni mawèh lam-laming pandulu | ngalela gawang-gawangan | têtêp musthikaning èstri ||

2. Hyang Caturkanaka tansah | têbah jaja ngadhuh saking tan bangkit | ngampah wiyoganing kalbu | sabên-sabên kèngêtan |

--- 116 ---

maring garwa kongsi korut kamanipun | winadhahan cupu rêtna | kang anama lingga manik ||

3. pusaka saking kang rama | nênggih Sang Hyang Darmajaka ing nguni | nulya lingga manik wau | sinungkên marang putra | kang nama Hyang Kanekaputra kang tuhu | ing guna kasaktènira | linuwih saking sudarmi ||

4. myang ing jaya kawijayan | kanuragan kawaskithaning galih | ya ta samana winuwus | Sang Hyang Kanekaputra | tapabrata nèng madyaning samodra gung | angambang ing luhur tirta | sarya gêgêm lingga manik ||

5. dupi ing alama-lama | tejanira ngênguwung anêlahi | saking kaswargan kadulu | kagyat Hyang Jagadnata | gya dhêdhawuh mring para dewa tinuduh | mriksa kang umawa teja | anèng madyaning jaladri ||

6. kang tinuduh gupuh mêsat | sapraptaning samodra trang mangèksi | ing wong lungguh luhur banyu | para dewa saksana | wangsul dhatêng kahyangan maswèng Hyang Guru | matur yèn kang mawa teja | janma mratapèng jaladri ||

7. Sang Hyang Jagadnata nabda | sajatine kang tapa iku rêsi | payo timbalana gupuh | dèn kèrid salakunta | para dewa umêsat sakêdhap rawuh | ing panggonane kang

--- 117 ---

tapa | mangkana nabda hèh rêsi ||

8. praptèng sun kene dinuta | ing Hyang Guru nimbali sira nuli | kèrida ing lakuningsun | Sang Hyang Kanekaputra | tan mangsuli mung eca-eca pitêkur | wali-wali dhinawuhan | nanging datan piniyarsi ||

9. pra dewa kabranan tyasnya | nulya sami tumandang angêbyuki | Sang Hyang Kaneka jinunjung | ananging datan kangkat | nora owah sarambut dènnya pitêkur | nulya sabiyantu samya | Hyang Kaneka pinisakit ||

10. srana pratingkahing asta | nanging datan pisan-pisan ginalih | pra dewa dahat ing bêndu | gya namakkên gêgaman | Hyang Kaneka nora antop nora sêgu | pra dewa gila lumajar | wangsul maswèng Hyang Pramèsthi ||

11. ngaturkên cabaring lampah | Sang Hyang Guru gya nêdhaki pribadi | mêsat samantara rawuh | ngarsane kang mratapa | Hyang Pramèsthi mangkana nêpdèsmu bêndu | hèh kodhik rêsi mratapa | sajarwaa kang sayêkti ||

12. apa ing panêdyanira | dene têka kapati mati ragi | tapa nèng luhuring banyu | sang mratapa tan obah | nulya nabda malih Sang Bathara Guru | hèh ta rêsi nadyan sira | sakêcap nora mangsuli ||

13. nanging sun tan pisan [pi...]

--- 118 ---

[...san] samar | mring panêdyanira kang tan kalair | yèku bangêt kapenginmu | pinangeran ing jagad | arsa madha lawan panjênêngan ingsun | dene kumalungkung sira | mrih kèdhêp sèsining bumi ||

14. nadyan sira tapabrata | mati raga têkana sèwu warsi | luwih nglêngkara kêlamun | antuk parmaning Suksma | sinambadan ingkang dadi panêdyamu | sinêmbah sèsining jagad | jêr ingsun kang wus pinasthi ||

15. pinangran ing tri bawana | awit sira kalah tuwa lan mami | ingkang tuwa saka ingsun | yaiku sipat cahya | ingkang luwih tuwa saka cahya iku | mung juga Sang Hyang Wasesa | Hyang Kaneka duk miyarsi ||

16. kabilêt gumuyu latah | ngigêl nglètèr cacebolan mucicil | nabda tan padha lan ingsun | sun Hyang Kanekaputra | mring rèh durung winarah uga wus wêruh | sirèku Hyang Jagadnata | kang rinatu pra dumadi ||

17. sira nganggêp Hyang Wisesa | luwih tuwa tan ana kang dhingini | iku klèru panêmumu | lamun mangkono sira | durung kêna ingaran titah pinunjul | krana bangêt durung dungkap | ing kawruh sampurnèng urip ||

18. tan wruh sajatining tunggal | môngka ananing Hyang Wasesajati | nyata

--- 119 ---

wus ana kang mêngku | tôndha wus myarsa swara | kaya gêntha kakêlèng nuksmèng pangrungu | lah mungguh obahing gêntha | iku sapa kang akardi ||

19. lan manèh duk mêksihira | suwung wang-wung jagad durung dumadi | apa kang ana rumuhun | yèn sira nora wikan | yêkti bangêt cacat gonmu wus rinatu | dening saisining jagad | anjêgrêg Hyang Otipati ||

20. sapandurat datan nabda | ngrasa lamun kasor lêpasing budi | wusana manabda arum | kakang Kanekaputra | têmên kula rumaos tan sagêd gayuh | ing pêrlambang patanyanta | mangke saking karsa mami ||

21. kakang andhèrèka kula | mring kaswargan ngong têtêpake dadi | sasêpuhing dewa sagung | lan ngong wênangkên mrentah | pra narendra satlatahe tanah Hindhu | kang sampun nungkul ing kula | sampun mawi wancak galih ||

22. lawan malih ulun nêdya | mèt warsita babaring sasmita wit | pangandikanta ing wau | mrih trang panggalih kula | Hyang Kaneka wangsul sabda dhuh Hyang Guru | panabdanta kang kawahya | dahat kawula pêpundhi ||

23. sandika datan lênggana | Hyang Kanekaputra Hyang Sidajati | myang pra dewa liyanipun | gya kondur mring kahyangan |

--- 120 ---

cinarita Hyang Kaneka gya sung tuduh | babare sasmita tama | Hyang Guru sampun nampèni ||

24. cinakup ing tyas pranawa | saya wimbuh Hyang Guru tranging galih | kocap Hyang Kaneka sampun | tinêtêpakên dadya | sasêpuhing para jawata sawêgung | tumulya sêsilih nama | nênggih Hyang Naradha Rêsi ||

25. kunêng Sang Hyang Jagadnata | lawan ingkang garwa Dyah Uma laksmi | cinarita wus sêsunu | têtiga pambajêngnya | Sang Hyang Mahadewa tumulya rènipun | Hyang Cakra dene wragilnya | wanodya nama Dèwi Sri ||

26. ri wusnya antara lama | Hyang Pramèsthi dènnya nèng Kelasardi | kondur mring ardi Tangguru | sakathahing kaswargan | ingkang sampun sami risak duk ing dangu | tumulya ingupakara | sangkêp datan nguciwani ||

27. dene ta wau kaswargan | maksih lumêstari lir nguni-uni | Junggringslaka namanipun | myang ing Paparywawarna | Tejamaya ing Marcukundha winuwus | para narendra samana | sampun miyarsa pawarti ||

28. lamun Sang Hyang Girinata | sampun kondur dhatêng Tangguru ardi | dadoskên sukèng tyasipun | lêstari pangidhêpnya | malah sawarnining kabuyutanipun |

--- 121 ---

wus sami ingupakara | mulya lir ing nguni-uni ||

29. nahên ta kang cinarita | kang ing nguni wibawa madêg aji | sira Sang Isaka Prabu | gumantyèng sudarmanya | ri wusirantuk kawan dasa nêm taun | nêmah ardaning bêbaya | baya pandoning Hyang Widhi ||

30. purwèng kadhatêngan mêngsah | sri narendra yudanira kalindhih | lolos saking prajanipun | ngungsi mring madyèng wana | pinanggihan ing nguni sudarmanipun | kang wus wangsul dados dewa | Sang Bathara Anggajali ||

31. sri narendra winarsitan | pinrih tapabrata nèng pulo sêpi | Prabu Isaka mituhu | samana nuli linggar | saking wana inggaling caritanipun | nulya manggih pulo sonya | sakidul wetaning Hindhi ||

32. Prabu Isaka gya jajah | ing cakraning nungswa ngantos dumugi | wêkas lor kilèn lan kidul | wetan wus têmu gêlang | ngunguning tyas tumingal ing panjangipun | wiwit saking Ngacèh tanah | dumugi ing pulo Bali ||

33. maksih kumpul dadya juga | salêbêting pulo wau kaèksi | kèh cukulannya jawawut | mirit kawontênannya | cêcukulan salêbêting pulo wau | panggalihira sang nata |

--- 122 ---

cundhuk lan Sang Hyang Pramèsthi ||

34. saking sajarwaning rama | ugi Prabu Isaka amastani | ing pulo Jawa puniku | tanah jawawut lirnya | tuwin tanah kang dawa yèku witipun | pulo kasbut tanah Jawa | saha sakathahing ardi ||

35. kang kambah Sang Ajisaka | kali-kali myang wana-wana sami | sinungan nama ing ngriku | sang prabu panjajahnya | mung ing dalêm satus dina laminipun | pulo sampun têmu gêlang | ingkang kaambah rumiyin ||

36. winastanan purwapada | nulya manggon wontên ing Kêndhêng ardi | ugi wukir Hyang ranipun | tumulya binabadan | pinêtha lir pangasraman duk puniku | warsindhu nuju Sambrama | ing môngsa Sitra marêngi ||

37. ping patbêlas ari Soma | namanirèng warsa maksih lêstari | taun sangkala puniku | dene Prabu Isaka | cinarita gya salin jêjulukipun | nênggih Sang Êmpu Sangkala | tumulya wiwit mratapi ||

38. maksih ing warsa Sambrama | nuju môngsa Kartika dèn pèngêti | kunir awuk tanpa jalu |Sengkalan: kunir awuk tanpa jalu (1000). warsa sirah satunggal | duk puniku warsa kêkalih kang mlaku | taun surya lawan côndra | Êmpu Sangkala winarni ||

39. wus têtêp anèng wukir Hyang | nungku [nung...]

--- 123 ---

[...ku] pudya maladi sêmadining | nêgês mring Pangran Kang Luhung | kang murwèng sèsining rat | katarimèng sêdya gya ana kadulu | cahya pêthak sru sumilak | salêbêting cahya kèksi ||

40. sajuga diktya birawa | awêwarah Hyang Kala ingkang nami | tumulya dintên puniku | winastan dina Kala | dintênipun malih gya ana kadulu | cahya bang ing jro kawuryan | lir brahmana angsung wangsit ||

41. anama Bathara Brahma | nulya dintên wau dipun wastani | dintên Brahma wastanipun | salajêngnya sang tapa | dintênipun malih tumuli andulu | cahya irêng jro katingal | janma priya warna pêkik ||

42. awarah panêngranira | Sang Hyang Wisnu dintên punika nuli | winastanan dina Wisnu | nulya Êmpu Sangkala | dintênipun malih myating cahya nrawung | ujwalane môncawarna | kang nèng jroning cahya kèksi ||

43. kadya rêsi awêwarah | nênggih Sang Hyang Guru ingkang wêwangi | tumulya dintên puniku | tumuwuh ing karsanya | sang mratapa amastani dina Guru | rawuhnya Hyang Girinata | lawan ingkang para siwi ||

44. sung nugraha mring sang tapa | babing guna kasaktèn warni-warni | Sang Êmpu Sangkala sampun | pana pranawèng [prana...]

--- 124 ---

[...wèng] driya | amumpuni ing guna kasaktènipun | nadyan doning Danurdana | kapusthi ing tyas pratitis ||

45. samukswaning para dewa | cinarita Êmpu Sangkala nuli | anata panêmbahipun | dintên Sri wiwitira | madhêp marang ing purwantara puniku | tumulya ing dina Kala | Êmpu Sangkala ngastuti ||

46. madhêp ring keblat raksira | dene dina Brahma dènnya ngastuti | marang pracima pan laju | dintên Wisnu adhêpnya | mring utara tumuntên ing dintên Guru | tumungkul marang pratala | sumusung ing pudyastuti ||

47. mring Hyang Guru saputranya | datan gothang wau dènnya ngabêkti | Êmpu Sangkala winuwus | wus têtêp nèng wukir Hyang | sasat sampun anunggal babaganipun | lan bangsane para dewa | nahên kang mudya sêmadi ||

19. Dhandhanggula

1. sinarkara mangkya kang winarni | wontên juga panjênêngan nata | ing Rum Turki nagarine | ngudi raharja tulus | Sultan Albah ingkang wêwangi | wêktu wau sang nata | darbe karsa ayun | anêngkarakên pra janma | ingisèkkên mring pulo kang maksih sêpi | jêng sultan trang miyarsa ||

2. yèn ing pulo sakiduling Hindi | suwung gêmplung maksih wujud wana |

--- 125 ---

pramila jêng sultan age | mundhut janma kèhipun | kalih lêksa jodho miranti | sapalakartènira | dèn motkên ing prau | gya layar ponang baita | tan winarna lampahipun ing jaladri | prapta ing pulo Jawa ||

3. labuh jangkar pra janma tumuli | marang dharat jujug ngardi Kandha | maksih anunggil warsane | tinêngran jêbug awuk | ardi Kandha puniku ugi | ardi Kêndhêng namanya | para janma wau | laju sami nambut karya | ambabadi sauruting Kêndhêng ardi | tan lami antaranya ||

4. nulya sami kaparag pagêring | minongsèng sato lan brêkasakan | kèh kang tumêka patine | cinarita mung kantun | ingkang gêsang rongèwu rimbit | kacagsuh ing seluman | yèku têngranipun | dupi antara sawarsa | tinêngêran agni malêtik ing langit |Sengkalan: agni malêtik ing langit (003). cinarita pra janma ||

5. kalih èwu jodho sami lalis | purwèng têkan gêni sasalat |Kurang satu suku kata: purwèng têkan gênine sasalat. mung kawan atus cacahe | ingkang maksih rahayu | sruning miris tyasira sami | sumêdya ngungsi gêsang | gya linggar anjujug | mring ara-ara purama | dupyantara sawarsa wau pra janmi | ugi kèh kang pralaya ||

6. amung kawan dasa kang tan lalis |

--- 126 ---

tinêngran toya mêsat ing tawang |Sengkalan: toya mêsat ing tawang (004). para janma wau age | anumpang palwa wangsul | numpal kèli mring Ngêrum nagri | ya ta Jêng Sultan Albah | trang pamyarsanipun | bab tumpêsing para janma | dadosakên sangêt sungkawaning galih | saksana adhêdhawah ||

7. mring Sang Ngusman Aji Banisrail | kinèn numbali ing pulo Jawa | sirnaa sangêt wêrite | Sang Ngusman Aji gupuh | ngumpulakên sabate sami | yèku para pandhita | pinilih kang sampun | kabuka karamatira | kinèn sami tumutur mring pulo Jawi | lan bêktaa sarana ||

8. ya ta Sang Pandhita Ngusman Aji | sawusing mranti saniskaranya | myang pra sabatira age | wisata duk nèng ênu | tan winarna kocap wus prapti | ing pulo Jawa nulya | jajah alas gunung | myang siluk-siluk sinasak | sêdyanira nitik papan kang prayogi | pinasangan sarana ||

9. samana andungkap gangsal warsi | lan pambabadira ardi Kandha | tata sirna sangkalane |Sengkalan: tata sirna (05). Ngusman Aji winuwus | dènnya jajah wana myang ardi | prapta ing Hiyang arga | nèng ngriku kêpangguh | lawan Sang Êmpu Sangkala | dhinawuhan dhèrèk ing wau sang yogi | sang kinon mèstu sabda ||

10. tinêngran anggan [ang...]

--- 127 ---

[...gan] pêjah ing langit |Sengkalan: anggan pêjah ing langit (008). pra pandhita masang tumbalira | apaju pat pamasange | têngah kalimanipun | nulya sami dipun tuguri | saptari lamènira | gya ana kaprungu | jumêbrèting gêlap ngampar | gumarubug sindhung riwut nyasmitani | wimbaning pôncabaya ||

11. para cundaka nulya masisir | amung nuguri saking samodra | numpang palwa sadayane | suka sukur tyasipun | dene sampun angantarani | kabulirèng sarana | kunêng sangsaya sru | tatêruhing pôncabaya | gara-gara gora rèh kagiri-giri | suwara byung bêbarungan ||Lebih satu suku kata: swara byung bêbarungan.

12. tanpa rungyan dhêdhêt ing wiyati | gumarêmbyêng jumêdhèr tan kêndhat | guwa jurang curi pèrèng | asrang-srangan sumruwung | gumarênggêng sinrang ing angin | talaga mawalikan | upama kinêbur | orêg rug bantala bêlah | watu-watu jro bumi mêsat mring langit | nênggêl atêtimbisan ||

13. gunung murub lir ngayuh wiyati | udan watu kayu lan walirang | wrêksa sabêtan balèsèh | dêrês asiwat-siwut | watu sumyur kabuncang angin | ambalêdug galêpang | ngakasa gumuruh | gumaludhug wênèh ngakak | lir swaraning naga buta kapyarsi |Kurang satu suku kata: lir swaraning naga buta kapiyarsi. lir pangriking [pangri...]

--- 128 ---

[...king] rasêgsa ||

14. sato wana brastha tumpês tampis | bêrkasakan srêmêt kabêrasat | ridhu dhêmit bubar kabèh | kabèhing bêbaya gung | gumrah umyung swaraning tangis | nulya ngalih panggonan | mring sagara kidul | pra cundaka cinarita | nulya wangsul marang ing Ngêrum nagari | sapraptane Ngrum praja ||

15. maswèng jêng sultan atur udani | dènnya dinuta mring pulo Jawa | wit mudya wusana tètèh | jêng sultan sukèng kalbu | ya ta mangkya ingkang winarni | sira Êmpu Sangkala | dening guronipun | ingêlih pêparabira | Rêsi Ibsan kocap tumulya tinuding | ing Kangjêng Sultan Albah ||

16. mring tanah panas ngupaya janmi | binêktaa dhatêng pulo Jawa | lan Rêsi Ibsan kinanthèn | sawatara wadyèng Rum | cinarita samana nuli | mentar marang Hindhustan | maswèng Sang Hyang Guru | saha matur nyuwun janma | arsa ingisèkkên dhatêng pulo Jawi | wau Hyang Jagadnata ||

17. kaparênging tyas nulya maringi | kalêmpaknya kalih lêksa somah | mantri sapalakartine | myang ingon-ingonipun | rajakaya iwèn mêpêki | winotkên ing baita | Rêsi Ibsan laju |

--- 129 ---

layar dhatêng tanah Jawa | sarta nganthi têtiga samya kang rayi | nama Êmpu Bratandang ||

18. Êmpu Braradya Êmpu Braruni | praptèng tanah Siyêm lampahira | kinèndêlkên baitane | Rêsi Ibsan tumurun | rèhning pulo Jawa kaèksi | yèn sakathahing arga | maksih sami murub | nganti sirêping dahana | wontên ngriku angupaya wêwah janmi | antuk rongèwu somah ||

19. ugi miranti kang palakarti | sanggya wus winotakên baita | datan antara lamine | pulo Jawa kadulu | sampun surut urubing ardi | Rêsi Ibsan saksana | lampahe mandarum | ya ta enggaling carita | praptèng pulo Jawa sakathahing janmi | saha babêktanira ||

20. ingêdhunkên mring dharat tumuli | pinrênahkên padununganira | Rêsi Ibsan sakadange | kang bage janma wau | mring Karimun Madura Bali | myang tanah Jawa têngah | satalatahipun | Sumatra Burni Makasar | tinêngêran wau praptane pra janmi | naga pêjah ing tawang ||Sengkalan: naga pêjah ing tawang (008).

21. sawusira wau pulo Jawi | kawaratan kadunungan janma | linêksanan pambabade | wana myang gunung-gunung | para janma tumulya kardi | pondhok [po...]

--- 130 ---

[...ndhok] abêbanjaran | myang ananêm pantun | bibite babêktanira | sowang-sowang saking dunungnya pribadi | ya ta Sang Rêsi Ibsan ||

22. milih tiyang sanga kang dinugi | sami limpat ing bêbudènira | yèku Êmpu Janggarane | Nuwila kalihipun | tri Kutastha kapat Suksadi | Kurmandha gangsalira | dene kanêmipun | Kusalya kapitonira | Malipat kawolu Wisandana nami | kasanga ran Wisaka ||

23. janma sasanga nulya pinardi | pangetanging kang surya sangkala | myang ing côndra sêngkalane | pra janma kang winuruk | tan adangu wus sagêd sami | nulya pinrih mêmulang | ing janma lyanipun | samana nulya sumrambah | bab sangkala tumraping nèng tanah Jawi | ya ta Sang Rêsi Ibsan ||

24. lan wadyèng Rum kang minôngka kanthi | sami wangsul marang prajanira | de para êmpu katrine | wangsul mring tanah Hindhu | Rêsi Ibsan samana nuli | maswèng Jêng Sultan Albah | satiti umatur | dènnya nglampahi dinuta | mêncarakên janma dhatêng pulo Jawi | sami nulus raharja ||

25. kangjêng sultan dahat sukèng galih | ngrasa antuk parmaning Pangeran | amangsuli caritane | janma ingkang dumunung |

--- 131 ---

pulo Jawa sampun miwiti | babad sakèhing arga | kunêng kang winuwus | Rêsi Ibsan nèng Rum praja | tan watara lami cinarita nuli | mentar mring tanah lulmat ||

26. tinêngêran janma guna anis |Sêngkalan: janma guna anis (031). Rêsi Ibsan nginum tirta gêsang | kang minôngka saranane | panjanging yuswanipun | nulya wangsul mring Rum nagari | suwita mring jêng sultan | mangkya kang tinutur | para janma pulo Jawa | saya lami wus têngkar-tumêngkar sami | suka sênêng tyasira ||

27. mangsuli wau ing pulo Jawi | pambabading arga pinèngêtan | warsa côndra sêngkalane | ngardi Ngrajabamèku | kunir iku sirnèng wiyati |Sengkalan: kunir iku sirnèng wiyati: (0010). ardi Kidul tri janma |Sengkalan: tri janma (13). Mrapi catur iku |Sengkalan: catur iku (14). yekardi Mrapi ing Padhang | ardi Hiyang ardi Tampumas prituwin | ing ardi Papandhayang ||

28. nunggil warsa tata iku anir |Sengkalan: tata iku anir (015). ardi Sambawa angèsthi tunggal |Sengkalan: angèsthi tunggal (18). ardi Mèru trus iku nglès |Sengkalan: trus iku nglès (019). Kêlut nir kalih luhur |Sengkalan: nir kalih luhur (020). ardi Karang ing tanah Bali | tri sikara subrastha |Sengkalan: tri sikara subrastha (023). ing Singgara gunung | ugi namardi Singgêla | ing Sumatra tri manêmbah muksèng langit |Sengkalan: tri manêmbah muksèng langit (0023). Papêrsan rasa wagsa ||Sengkalan: rasa wagsa (26).

29. ardi Aryang ing tanah Basuki | ngèsthi kêkalih muksèng gêgana |Sengkalan: ngèsthi kêkalih muksèng gêgana (0028). sarêng lawan [lawa...]

--- 132 ---

[...n] pambabade | ing ardi Magêranggu | ngardi Lawu Mêrbabu Mrapi | nunggil warsa tinêngran | sirnèng agni muluk |Sengkalan: sirnèng agni muluk (030). ing Murya tratri. bahni sirna |Sengkalan: tri bahni sirna (033). Rêsi Ibsan gya dinuta anuwèni | janma mring pulo Jawa ||

30. kanthi janma ing Rum sawatawis | lan bêkta gêgramèn warna-warna | Rêsi Ibsan sapraptane | ing pulo Jawa laju | niti priksa sakèhing janmi | wiwiting babad arga | juga-juganipun | para janma Ngrum tumulya | mradinakên gêgramèn mring tiyang Jawi | sarana ingurupan ||

31. barang warni salaka myang rukmi | warni kayu utawi musthika | wong Ngrum kang bêkta gêgramèn | kèh kang laju dêdunung | anèng pulo Jawa prituwin | karsane Rêsi Ibsan | janma ing Ngrum wau | dinadoskên kamituwa | sasêbutanira umbul lan pratinggi | ya ta ing lama-lama ||

32. dupi andungkap etanging warsi | pitung dasa kêkalih tumulya | amurwèng kabuyutane | nèng graning gunung-gunung | tuwin yasa pasetran sami | myang papan pangluwêngan | para janma sampun | saya ngrêbda cinarita | gya pinarag ing pagêring kèh kang lalis | gyana swara kapyarsa ||

33. warah yèn mrih

--- 133 ---

kalising sêsakit | anêbuta Sang Hyang Dewabudha | para janma tumulyage | maelu sami nêbut | lir wasita ingkang kapyarsi | gya andadak waluya | samana winuwus | tumulya sami ayasa | wisma yeka saking sela kang kinardi | tinêngran tri musthèngwang ||Sengkalan: tri musthèngwang (123).

34. têtanêman pan sampun mêpêki | nanging dèrèng wontên tatacara | rèh wêktu samana dèrèng | wontên kang madêg ratu | kang sayogya mangun rèh niti | ngrêksa rahayuning rat | ing jaman puniku | winastanan jaman kukila |Lebih satu suku kata: winastan jaman kukila. pardikane kukila puniku pêksi | panguripaning janma ||

35. rêrêbutan tan beda lan pêksi | dhengah rosa têmtu kineringan | ginugu saparentahe | ya ta ingkang winuwus | para dewa samana sami | rawuh ing tanah Jawa | pangajêng Hyang Guru | namarsi Mahdewabudha | dene para dewa sanèsira ugi | rêsi sasêbutannya ||

36. tinêngêran sirnèng catur janmi |Sengkalan: sirnèng catur janmi (140). Sang Hyang Guru sinêbut jawata | mangkana ing pardikane | paguroning janma gung | para dewa sadaya sami | anggêlarkên kagunan | myang kasaktènipun | punika purwakanira | para dewa sinêbut jawata dening | janma ing nuswa Jawa ||

--- 134 ---

37. Rêsi Mahadewabudha nuli | matah-matah pra dewa sadaya | pinrih pêncara dununge | lor kulon wetan kidul | saubêngnya ing pulo Jawi | Maharsi Dewabudha | dènira dêdunung | yeka nèng têngah gya yasa | candhi agêng selalus ingkang kinardi | endah wêwangunannya ||

38. anèng tlatah ing Arbabu ardi | yèku nama Candhi Marabudha | myang Barabudhur wastane | pra rêsi liyanipun | ugi sami murwani candhi | wontên padunungannya | ing imbanging gunung | tinêngran tatèng gêgana | iku sirna kunêng wau kang winarni |Sengkalan: tatèng gêgana iku sirna (0105). Maharsi Dewabudha ||

39. gya jumênêng Ratu Banaradi | angadhaton nèng Mêdhangkamulyan | kang minôngka pêpatihe | Rêsi Nrada kocap wus | sangkêp sanggya praboting nagri | dununging prajanira | nèng sukuning gunung | Kamula kang ugi nama | ardi Gêdhe pra rêsi liyane sami | dinadoskên punggawa ||

20. Sinom

1. enggaring galih taruna | jêjuluknya sang maharsi | Sri Paduka Maharaja | Dewabudha ya ta dupi | andungkap sangang warsi | dènira jumênêng ratu | anèng ardi Kamula | nulya jêngkar ngalih nagri | yeka dhatêng pucaking arga Dumilah ||

2. watara [wa...]

--- 135 ---

[...tara] antuk tri warsa | nuju ing sawiji ari | sang sri paduka tumingal | sajuga teja nêlahi | nulya dipun têdhaki | kang mawa teja puniku | juga diktya martapa | dinangu umatur bilih | Sang Bagawan Danu panêngêranira ||

3. dene ta panêdyanira | sagêda sumêngka nunggil | dadya bangsaning jawata | sri paduka mituruti | Bagawan Danu nuli | pinulung pinrih tumutur | marang Junggringsalaka | saha sampun dèn rilani | nunggil dadya bangsaning para jawata ||

4. ujar mangkya kang winarna | sajuga ditya narpati | ing guwa ardi Gubajra | Prabu Danu kang bêbisik | bêbala tanpa wilis | kèh kadang santananipun | yeka atmajanira | Sang Bagawan Danu nguni | pamyarsanya sirnane sudarmanira ||

5. wit saking pandamêlira | sri paduka gya sang aji | saha kadang santananya | byantu yun ngrabasèng jurit | ngundhangi pra wadya wil | Junggringslaka yun ginêmpur | samapta nulya budhal | jêjêl ing samargi-margi | tan petungan gumolong agêgolongan ||

6. grêgut ginêlak lampahnya | cinarita sampun prapti | sukuning ardi Mahendra | nulya rakit glaring jurit | sri paduka

--- 136 ---

miyarsi | sangêt dukaning tyasipun | dhêdhawuh mêthuk yuda | pra rêsi samakta sami | sikêp astra mudhun saking graning arga ||

7. nir baya manrang wikara | rowang mungsuh ngangsêg nuli | akuwêl kiwul sarosa | rêbut jaya guna sêkti | samya sudirèng jurit | prabawa bantala kêtug | milêg alêlumbungan | bayu bajra sindhung ngidit | tanpa rungyan mawor pangriking rasêksa ||

8. yayah manêngkêr akasa | Prabu Danu ambêg pati | mangsah ngawaki ngayuda | krura ngrik lir nglêbur bumi | ingkang tinrajang gusis | pra dewa miris kaplayu | oncat saking palagan | ya ta Rêsi Danu mèksi | mêngsah ing prang tuhu yèn atmajanira ||

9. tumulyenggal pinarpêkan | Prabu Danu kaduk mèksi | wau mring sudarmanira | sakala kandhih kang runtik | Sang Rêsi Danu nuli | wêwarah mring sutanipun | dènnya wontên kahyangan | pinulung ing jawatadi | pan sinungan nugraha kamulyanira ||

10. kang putra suka miyarsa | nulya bubarêkênbubarakên. baris | wangsul mring nagri Gwabajra | mung wontên ditya kêkalih | sakadang nungkul sami | dene wau kang sêsunu | Bagawan Gopatana | patutan saking Dyah Matri | Dèwi Matri putranya [pu...]

--- 137 ---

[...tranya] Sang Hyang Triyatra ||

11. anama Cingkarabala | dene wau kang taruni | anama Balaupata | sinungan pakaryan jagi | wiwaraning swargadi | ditya kêkalih jinunjung | sasêbutan bathara | sami sangêt sukèng ati | kunêng mangkya sri paduka kang winarna ||

12. dènira madêg sri nata | wusnya sawatara lami | nèng graning arga Dumilah | gya kondur mring tanah Hindi | nulya pra putra sami | dhinawuhan madêg ratu | wontên ing pulo Jawa | pra putra anglêksanani | angêjawa wantah jumênêng narendra ||

13. saha mêncar prajanira | Bathara Sambu bêbisik | Sang Maharaja Maldewa | Mêdhangprawa kang nagari | yeka sukuning wukir | Raja Basah kang dumunung | jroning tanah Sumatra | dene Hyang Brama wêwangi | Maharaja Sundha amurwani kitha ||

14. nèng tlatahing gunung anyar | yeka nagri Mêdhanggili | dene Sang Bathara Endra | nèng Mêdhanggana nagari | yeka dumunung munggwing | sukuning ardi Mamèru | juluk Sang Raja Sakra | Sang Bathara Wisnumurti | ajêjuluk nênggih Maharaja Suman ||

15. ngadhaton nèng Mêdhangpura | yeka dumunung sukuning | ngardi Gêdhe tanah Têgal | Bathara Bayu bêbisik |

--- 138 ---

Mahraja Bima munggwing | ngardi Karang nagrinipun | winastanan Mêdhanggora |Lebih satu suku kata: winastan Mêdhanggora. talatah ing tanah Bali | sinêngkalan pônca rêsi raja boma ||Sengkalan: pônca rêsi raja boma (0175).

16. sami ngraja sowang-sowang | datan wontên andhap inggil | patrapnya amung mêmitran | wus sami nata agami | janma ing tanah Jawi | sadaya sami sumuyut | samana cinarita | kathah pra dewa myang rêsi | ingkang sami nusul dhatêng tanah Jawa ||

17. Sang Rêsi Atrakelasa | mring Mêdhangprawa nagari | winisudha dadya patya | Rêsi Kulamba utawi | Rêsi Dyastasumiwi | mring Mêdhanggili jinunjung | minôngka mantrimuka | Rêsi Prawa mring nagari | Mêdhanggana dinadoskên mantri wêrda ||

18. Rêsi Boma Rêsi Bana | mring Mêdhanggora sumiwi | ugi dinadoskên patya | dene Sang Kosara Rêsi | mring Mêdhangsura nagri | suwita ing Sang Hyang Wisnu | dinadoskên pêpatya | lyan saking puniku maksih | ugi winisudha dadya mantringarsa ||

19. kunêng Mêdhanggili praja | kadhatêngan ripu sakti | raja ditya ing Ngalêngka | Hèryakakaspu bêbisik | sabyantu lan rajèng wil | Hèryanawêrka Sang Prabu | yeka sami sakadang | bêkta bala tanpa wilis | Raja Sundha nyuruhi pra

--- 139 ---

kadangira ||

20. narendra môncanagara | rawuh Mêdhanggili nagri | rumanti sawadyanira | sigra campuh ing ajurit | rame rok silih ungkih | gênti unggul myang kaplayu | têmahan wadya janma | sakridhanira katitih | pulih lawan têmah têtawur kewala ||

21. sigra sang pêksi garudha | titihannya Batharari | anama pêksi Briyawan | tinuduh mangsah ing jurit | sandika mêsat maring | ngawiyat pêtêng lir mêndhung | para raksasa bala | sulap panile sami |Kurang satu suku kata: sulap paningale sami. Sang Briyawan kang nutup soroting surya ||

22. niyup rumusak ing mêngsah | kang kasabêt ing suwiwi | ditya yayah pinarjaya | kataman côndrasa miris | dlêdêg wijiling gêtih | rasêksa ingkang pinatuk | lir kênèng saraditya | ajur datan mindho kardi | Prabu Wêrka sigra ngawaki ngayuda ||

23. tandhing prang lan Sang Briyawan | sami sudirane kalih | aprajaya pinarjaya | sami dènnya mamrih pati | dangu ungkih-ingungkih | sami dènnya têguh timbul | saksana Sang Briyawan | cinandhak ingkang suwiwi | kalih pisan rinangkus dadya satunggal ||

24. Bathara Suman waspada | nulya têtulung ing jurit | malih warni sima

--- 140 ---

pêthak | agêngnya kagiri-giri | anggro anggêgirisi | prabawa gora rèh wagyun | raja ditya kalihnya | sinrêg pinurih ing pati | nir kang daya wus pêjah kêkalihira ||

25. wontên dityandêl umangsah | nama Sang Banjaranjali | gêrgut mapulih lawan |Kurang satu suku kata: gêrgut mapulih kalawan. campuh lan sardula putih | nora gôndra ing jurit | Sang Banjaranjali nungkul | maring Hyang Narasinga | gya dinangu kang dadya wit | dènnya nglurug ing prang datanpa prakara ||

26. Banjaranjali aturnya | wit saking sudarma kami | kapengin mèt mantu marang | putrinya sri narapati | Raja Sundha kang nami | Rêtna Brahmani puniku | kang kaloka ing warna | ing sabrang datanpa tandhing | ngasorakên warnane rayi kawula ||

27. pawèstri endah ing warna | anama Nikèn Kasipi | Kèn Kistapi satunggalnya | Raja Sundha duk miyarsi | mangkana nulya angling | kadangmu karone mau | apa ta warna janma | utawa warna rasêksi | kang sinung ngling mangkono matur wotsêkar ||

28. inggih sami warna janma | patutan kang saking riti | putri Rajèng Bônapura | kawarti trahing sujanmi | de wau Dyah Bêrmani | yun dhinaubkên [dhi...]

--- 141 ---

[...naubkên] lan ulun | Raja Sundha ngandika | yèn wuwusmu iku yêkti | kadangira têkakna mring kene praja ||

29. dene bab panêdyanira | bakal ingsun pituruti | dhaube lan putriningwang | saksana Banjaranjali | mêsat marang wiyati | ya ta Sang Bathara Wisnu | angaturi sasmita | mring raka dhuh kakang aji | wohing kajêng Sri Puta yun pinrêp ngama ||

30. wontên kang nyirnakkên pama | sestonipun badhe manggih | nugraha piwalêsira | Sang Raja Sundha nampèni | sasmitaning kang rayi | ngraos kuciwa ing sêmu | sang mangkana manabda | kucing nyirnakkên sakèhing | tikus yêkti nora bungah yèn ginanjar ||

31. rupa parikudu minta | dana ingkang rupa daging | Briyawan gya tinimbalan | prapta wus marupa janmi | Raja Sundha rum angling | yayi iku ing wurimu | ana wong priya prapta | anom warnanira pêkik | Raja Suman matur punika Briyawan ||

32. kang raka sru ngungun ing tyas | têmahan arsa nêtêpi | sabdaning pandhita nata | wusana ngandika malih | yayi ing karsa mami | yèn Banjaranjali mau | nora sida tumêka | sutanta nini Brahmani | banjur ingsun dhaubke lan Si Briyawan ||

--- 142 ---

33. Banjaranjali yèn têka | Si Briyawan sun trimani | minôngka lêlironira | yaiku Kèn Brahmani Sri | kang rayi nayogyani | ing sanès dintên winuwus | Banjaranjali prapta | bêkta kadangira èstri | kang sanyata sami endah warnanira ||

34. ya ta gancanging carita | sang dibya Banjaranjali | sampun dinaubkên lawan | wau Sang Rêtna Brahmani | dene Dyah Brahmani Sri | èstu dhinaubkên sampun | lawan pêksi Briyawan | saksana Banjaranjali | dhinawuhan mantuk mring Ngalêngkapura ||

35. dèn jumênêngakên nata | juluk Sri Banjaranjali | dene Sang Pêksi Briyawan | dhinawuhan angratoni | kabèh bangsaning pêksi | saha sinungan jêjuluk | Sang Aprabu Winata | pra raja mônca ngèstrèni | ing wau kang angsal sih madêg narendra ||

36. samana nulya bubaran | Sang Prabu Banjaranjali | sêdene para narendra | mulyèng prajanira sami | Raja Winata nuli | wangsul mring kayanganipun | kaya ta kang cinarita |Lebih satu suku kata: kaya kang cinarita. putranya sri narapati | Raja Sundha kalih dasa kathahira ||

37. kang priya sinêbut radyan | têgêsira sotya adi |

--- 143 ---

adèn-adèning pra janma | tuwin rah ingkang anjêrnih | kang èstri nama dèwi | kabêkta lurining dangu | yeka trahing dewata | driya de wêwados dèwi | winursita wau namane pra putra ||

38. Rahadèn Masicibrama | lan Brahmanarada saking | garwa Dyah Saci kalihnya | Radèn Brahmanasa katri | Dewa Brahmana tuwin | Brahmana Raja puniku | myang Dyan Brahmanakôntha | kang sapta Brahmana Rêksi | yeka Sang Dyah Saraswati kang yêyoga ||

39. myang Sang Dyah Brahmani krama | angsal Sang Banjaranjali | myang kang dhaub lan Briyawan | ugi kang wus kocap ngarsi | nulya kakung wêwangi | Brahma Niskala puniku | myang Dyan Brahmanityasa | Sang Brahmaniyara tuwin | Dyah Brahmaniyari Dyan Brahmaniyama ||

40. Rahadyan Brahmaniyata | myang Dèwi Brahmaniyodi | Brahmaniyati Rahadyan | Brahmaniyuta utawi | kang miyos saking sori | Dyah Rarasati puniku | Sang Dèwi Dêrsanala | miwah Dèwi Dêrsawati | para putra tyas brônta arsa anggarwa ||

21. Asmaradana

1. ing Dyah Kasipi Kistapi | Sang Raja Sundha sru kewran | pawèstri kalihnya dene | sinuwun ing putra sanga | saking sruning sungkawa | mangsah

--- 144 ---

sumungku manêkung | anêgês karsaning Suksma ||

2. katrima gyana kintèki | dhumawah saking gêgana | sangêt samar ing sastrane | saksana Sang Raja Sundha | nimbali para putra | wus maswi sadayanipun | kinon ngungêlkên kintaka ||

3. namung satunggal kang bangkit | yeka Dyan Brahmanatyasa | mangkana sastra ungêle | adia-adia ndar |Kurang satu suku kata: adia-adia andar. Sang Maha Raja Sundha | gya andangu wardinipun | ing Radyan Brahmanityasa ||

4. nanging tan wignya jarwani | mung Radyan Brahmaniyama | kang sumêrêp ing wardine | dhinawuhan sung panjarwa | dhumatêng ingkang rama | têmbunging sastra iku |Kurang satu suku kata: têmbunging sastra puniku. kang tampi dhawuh sandika ||

5. mangkana gènnya jarwani | dyah kawêngku wiyaring tyas | Sang Raja Sundha waspaos | sasmita têmbunging sastra | yeka sintên kang gadhah | kawignyan ingkang pinunjul | myang ngêgungkên paramarta ||

6. puniku kang wajib nyori | wau sang dyah kêkalihnya | para putra sadayane | kang tuhu sugih kagunan | myang ambêg paramarta | yeka mung kêkalih wau | Rahadyan Brahmanityasa ||

7. utawi malih kang rayi | nênggih Dyah Brahmaniyama | Dyan Brahmanityasa age | dhinaubkên lawan Sang Dyah | Kasipi dene Radyan |

--- 145 ---

Brahmaniyama puniku | lan Dyah Kistapi dhaubnya ||

8. pra putra sanèse sami | merang mukswa dados dewa | ya ta ingkang cinariyos | para anak putonira | Bagawan Danu samya | mring guwa Gobajra ngumpul | maswèng Sang Prabu Danuka ||

9. kadangira sang dityaji | anama Sang Kiswaraja | ngaturi pawarta mêne | rasêksa kathah kang pêjah | rêsi kang anyikara | kawarti wit dhawuhipun | para nata môncapraja ||

10. Sri Danuka duk miyarsi | sangêt kabranang tyasira | golongakên pirêmbage | lan sakèhing bôngsa ditya | pra ratu môncapraja | yun ginêmpur kuthanipun | pra ditya cumondhong karsa ||

11. nulya samêkta ing jurit | sumahab rasêksa bala | mayuta-yuta kathahe | Sri Danuka nulya bidhal | angirit wadyanira | Mêdhanggana kang jinujug | angagètakên praptanya ||

12. Maharaja Sakra tuwin | garwa putra wadyanira | kuwur kawur sasolahe | lolos saking jroning kutha | saksana patihira | ing manah ngèngêti lamun | darbe sumitra rewônda ||

13. nama Sang Malawapati | saksana rêkyana

--- 146 ---

patya | amanggihi sumitrane | tinantun pinèt saraya | Malawapati sagah | nulya ngumpulakên sagung | kadang kulawangsanira ||

14. samêkta bidhalan maring | ing nagari Mêdhanggana | datan winarna lampahe | praptèng nagri Mêdhanggana | gya mangsah ing ngayuda | sami sura rowang mungsuh | srêg-sinrêg ganti kasoran ||

15. Raja Danuka lan ari | nênggih Sang Keswara Raja | mangsah punggung pangamuke | pragosa kang tinarajang | larut mirut sasaran | Sang Mlawapati sru bêndu | gya mijilkên pangabaran ||

16. bayu rota sru mangidit | nêmpuh ing bala rasêksa | sirna larut sadayane | tan ana kari sajuga | katur ing Raja Sakra | dadoskên trusthaning kalbu | lumuntur sih wilasanya ||

17. mring wau Sang Mlawapati | nulya kinulawisudha | pinôngka punggawa kaot | sang tampi sihing narendra | sangêt sukaning driya | ya ta mangkya kang winuwus | para ratu môncapraja ||

18. sami karsa rawuh maring | nagari ing Mêdhanggana | nglairkên sukèng galihe | alêlangên lenggot bawa | ôndrawina abêksa | langên lenggot bawa wau | yèku bêksa tinabuhan ||

19. Lokanônta [Lo...]

--- 147 ---

[...kanônta] dèn barungi | mardu rum rarasing swara | para narendra sawuse | kèndêl dènira mong suka | galih bab kaluwihan | guna kawijayanipun | ywa kongsi ana mêmadha ||

20. lagyeca gunêman sami | gya tumimbal wontên cahya | panjang ngadêg nèng madyane | sêsandènira pahêman | pra ratu gangsal kagyat | èsmu maras jroning kalbu | madêg saking palênggahan ||

21. cinandhak kang cahya nuli | andêdêl marang gêgana | pra narendra gangsal age | anglut saparaning cahya | prasewa sunggatanya | myang para rêsi tumuntur | samya namakkên gêgaman ||

22. nanging datan migunani | Sang Raja Suman saksana | sangêt bramantyèng galihe | triwikrama dadya wraha | gêngnya kagila-gila | andhukir bantala laju | trus jajag ing rasatala ||

23. sêdyanirarsa ngulati | panggonan buntasing cahya | nanging tan ana titike | Sri Raja Sundha tumingal | lamun Sang Raja Suman | amblês mring bantala laju | Raja Sundha tiwikrama ||

24. dadya wolung nambêr maring | punang cahya pinrih bêlah | cahya tumulya tan katon | alihan maring samodra | kang toya mawalikan | umob upama [u...]

--- 148 ---

[...pama] kinêbur | sumamburat maring tawang ||

25. Raja Sundha nglut ngulati | mring salêbêting samodra | jajag praptèng têlênging we | wusana nuli kapanggya | lan Sang Bathara Suman | warta-winartanan sampun | wau ing sasolahira ||

26. nulya sabiyantu sami | nêgês karsaning bathara | tan adangu ana katon | pawèstri endah warnanya | dinangu namanira | mangkana nulya umatur | Dèwi Pratiwi wastanya ||

27. tumulya dinangu malih | punapa nyumêrêpana | punang cahya kadadyane | Dèwi Pratiwi aturnya | lamun puniku cahya | Linggamanik wastanipun | manggèn dhasaring pratala ||

28. Hyang Wisesa kang darbèni | mila Linggamanik cahya | gayuh ing bomantarane | èstu puniku pratôndha | lamun para mahraja | myang rêksi yun ara-uru | sami sulaya ing karsa ||

29. rêsah pranataning nagri | tansah sami rêrêbatan | ambawani bawanane | wusana suruting cayahcahya. | sami saking paduka | punika pratôndha tuhu | paduka kêkalihira ||

30. sami nulus ambawani | bawana ing nungsa Jawa | trah-tumêrah ing têmbe |Kurang satu suku kata: têrah-tumêrah ing têmbe. kang sami jumênêng nata | mêngku ing nungsa Jawa | satriya sumbaga agung |

--- 149 ---

tarlèn mung darah paduka ||

31. sukèng tyase narpa kalih | ya ta wau Raja Sundha | ngambil Linggamanik age | kang munggèng dhasar pratala | Dèwi Pratiwi nulya | ginarwèng Sang Suman Prabu | saha sinungan panêngran ||

32. Sang Dèwi Sri Basundari | saksana narpa kalihnya | sami kondur sakancane | ya ta ing alama-lama | para narendra mônca | sowang-sowang prajanipun | kawusruh kathah prakara ||

33. prang dhusun myang ing nagari | para ratu gangsal samya | bencung sisip pranatane | rêbat lêrêsnya priyôngga | karoncèn yèn winarna | hera-hèruning praja gung | kunêng gantya cinarita ||

34. wontên dewa angêjawi | putranira Sang Hyang Sêmar | Sang Hyang Wungkukan namane | tumulya sêsilih nama | Brahmana RajadhedaRajadewa. | myang Sang Hyang Wrahaspatiku | anama Brahmaratristha ||

35. lan Sang Hyang Siwah wêwangi | nênggih Brahmana Bahlika | Sang Hyang Surya sêsilihe | yeka Sang Brahmana Srisba | Sang Hyang Yamadipatya | Sang Brahmana Grag puniku | Hyang Côndra Brahma walanta ||

36. Sang Hyang Kuwera sêsilih | Sang Hyang Brahmanaraja Ima |Lebih satu suku kata: Hyang Brahmanaraja Ima. Hyang Kamajaya parabe | Sang Raja Tadhi Brahmana | Hyang

--- 150 ---

Tamburu panêngran | Sang Brahmanaraja Patut | wau pra dewa sadaya ||

37. jujug ing Mahendra wukir | sêdyanira arsa karya | tata têntrêming janma kèh | pra narendra môncapraja | têrang pamiyarsanya | wontên para brahmana yun | nyirêp rahuruning praja ||

38. para narendra tumuli | rawuh ing ardi Mahendra | lan pra brahmana patêmon | nulya sinungan sasmita | mangkana kang kawahya | badan kawisesèng kalbu | manah kawisesèng nyawa ||

39. nyawa kawisesèng dening | bathara ingkang minulya | pra narendra sadayane | nyakup wimbaning sasmita | têmah sami rumôngsa | kalêpatan dènnya mêngku | sakathahing wadyanira ||

40. saha kirang priksa titi | môngka wajibing narendra | misesa ing wadya kabèh | dene ratu kang misesa | ing adil niti praja | adil kawisesèng kalbu | wartaning mrih arjèng praja ||

41. pra ratu wusing nampèni | sasmita ingkang kawahya | nulya pra brahmana darbe | pasanggiri sapa ingkang | bisa babarkên môntra | mangkana aimaou | kumpulnya dadya sajuga ||

42. tartamtu badhe ngratoni | saisine pramudita |

--- 151 ---

para ratu kalimane | tan ana ingkang kaduga | mila ing karsanira | para brahmana pra ratu | pinerang panguwasanya ||

43. sira Sang Maldewa Aji | Hyang Sambu ing Mêdhang Praja | pinrih ngratoni sakèhe | bangsanira bêr-ibêran | dene jêjulukira | wau Sang Maldewa Prabu | ingêlih Sri Kagapatya ||

22. Sinom

1. risang anom Raja Sundha | nagari ing Mêdhanggili | kinèn ngratoni manungsa | utawi rêksasa rêsi | gya dèn lih kang wêwangi | Sri Maharaja Patrèku | wondene Raja Sakra | ing Mêdhanggana nagari | lajêng kinon ngratoni rêsi jawata ||

2. ugi ingêlih namanya | Maharaja Surapati | utawi Sang Raja Suman | ing Mêdhangpura nagari | pinurih angratoni | sagung bêburoning banyu | ingêlih jêjuluknya | Maharaja Matswapati | dene Raja Bima nagri Mêdhanggana ||

3. tinêdah angratonana | sato kewan ing wanadri | ugi ngalih jêjuluknya | Maharaja Mêrgapati | tumulya para aji | gangsal pisan sami kondur | mring prajanya pribadya | pra brahmana mukswa sami | dadya dewa malih wangsul mring kahyangan ||

4. kantun Brahmana Bahlika |

--- 152 ---

kang wontên ing tanah Jawi | nulya angglarkên piwulang | saliring kasaktèn tuwin | pangawikan pra janmi | samana sami kapencut | kathah lajêng pruwita | suwita sami anggusti | mring wau Sang Brahmana Raja Balika ||

5. saya lami saya kathah | janma sato lawan yêksi | kang sumuyut sumawita | anggêpnya ambatharadi | Rêsi Bahlika nuli | rêraton nèng ardi Lawu | tilas kahyanganira | ing nguni Sang Hyang Pramèsthi | Raja Balya asalin jêjulukira ||

6. prajanya wau winastan | ing Mêdhang Siwanda nagri | duk samana pulo Jawa | wontên narendra kêkalih | kang mangrèh janma yêksi | jumênêngnya Sang Aprabu | Raja Balya tinêngran | janma datanpa netra nis |Sengkalan: janma datanpa netra nis (0201). ya ta nagri Mêdhanggili cinarita ||

7. wontên juga janma priya | wadyanya Sri Prajapati | Punardika wastanira | simahnya minôngsa ing wil | nulya nênuwun adil | mangkana dhawuhing prabu | sira apa wus wikan | marang rupanira yêksi | ingkang wani-wani môngsa somahira ||

8. kang dinangu awotsêkar | matur bilih dèrèng uning | Sri Prajapati ngandika | manawa mangkono yêkti | mungguh [mung...]

--- 153 ---

[...guh] lakuning adil | angèl pêmancase iku | luwih bêcik nrimaa | rabia kewala maning | Punardika tyas susah nêmbah umentar ||

9. têrus mring Mêdhangsewanda | Nardika yun nuwun adil | mring Sang Maharaja Balya | samana sampun sumiwi | umatur nyuwun adil | bab pêjahe simahipun | minôngsa ing raksêsa | Sri Raja Balya gya paring | sarat rajah tumrap nèng sasuwir ron tal ||

10. kinèn masang gon kang sonya | Nardika sampun nampèni | nulya mulih praptèng wisma | rajah gya pinasang mungging | papan kang singit sêpi | tan antara wontên diyu | Srêgampang namanira | sêdhêng ngupa mangsan dupi | prapta gyaning rajah Si Srêgampang tiba ||

11. lumpuh tan bisa gulawat | kadêngangan ing pra janmi | rasêksa kinrutug sela | tan dangu anêmah lalis | sapêjahe rasêksi | nulya para janma wau | ajrih yèn winasesa | rèhne wus karya pêpati | nulya sami kesah mring Mêdhangsewanda ||

12. suwitèng Sang Raja Balya | ya ta mangkya kang winarni | wontên juga macan môngsa | anak banthèng maksih alit | jêjawi minta adil | marang Sang Bathara Bayu | ya Risang

--- 154 ---

Mêrgapatya | andaka sampun sumiwi | ngaturakên bab pêjahe sutanira ||

13. minôngsa dening sardula | mangkana Sri Mêrgapati | nabda bab iku andaka | walêsên kewala nuli | rèh macan wani-wani | mangan marang ing sutamu | mêngko anake macan | panganên dimène mati | kang sinung ngling dahat ing pangungunira ||

14. nora nyana yèn mangkana | dhawuh panimbanging adil | andaka nulya wisata | mring Mêdhangsewanda nagri | sapraptanira nuli | umatur bab sutanipun | dènnya minôngsa macan | mring Risang Balya Narpati | banthèng nulya sinungan wêwah karosan ||

15. kang linuwih saka macan | sarta andaka winangsit | sungune kêkalihira | dadya gêgaman alungit | kinèn malêsa maring | macan amrih pêjahipun | andaka sampun mentar | laju malêbèng wanadri | nora pilih sabên macan kang katingal ||

16. ingamuk wani sinundhang | ingundha kinarya undhi | sruning miris kèhing macan | prasêtya salami-lami | tan nêdya wani-wani | marang andaka sawêgung | kunêng ing Mêdhangpura | kocap wontên mina aji | marêk marang byantarèng Sri Matswapatya ||

17. matur yèn pra wadyanira | kèh

--- 155 ---

pêjah minangsèng pêksi | supados ingaturêna | marang Sang Sri Kagapati | Sri Matswapati angling | mungguhing prakara iku | adil ingsun malêsa | mangana bangsaning pêksi | rajèng mina mangkana ing aturira ||

18. paran gèn amba sagêda | mêmalês dhumatêng pêksi | rèhne botên darbe êlar | môngka ngumbara mring langit | nabda Sri Matswapati | bab gonmu tan darbe wulu | bayèku apêsira | ingsun durung bisa galih | ratu mina sangêt susahing tyasira ||

19. têmah mêminta ing dewa | supados angsala adil | ya ta samana winarna | Sang Raja Balya marêngi | rawuh pinggiring jladri | ratu mina inggal matur | nuwun adil bab dènnya | wadyanya minôngkaminôngsa. pêksi | Raja Balya tumulya paring sarana ||

20. awarni lisah supaya | dèn anggoa lamun pêksi | nongol mina marucuta | rajèng mina wus nampèni | saksana dèn dum nuli | marang para wadyanipun | saking kathahing mina | wênèh wontên kang tan tampi | ya ta Sang Sri Matswapati trang miyarsa ||

21. lamun sakathahing mina | pinaringan srana warni | lisah saking Raja Balya | dadoskên meranging galih | têmah ngraos manawi | kawon lêpas [lêpa...]

--- 156 ---

[...s] ing pangawruh | samana nuli mukswa | wus dadya jawata malih | ya ta Sang Sri Raja Balya kang winarna ||

22. tansah paring pitulungan | marang sagunging prihatin | jalari sakèhing janma | sih trêsna nulya andasih | ya ta Sri Kagapati | yeka Sang Bathara Sambu | tuwin Bathara Brahma | Sang Aprabu Prajapati | myang Sri Mêrgapati Sang Bayu Bathara ||

23. sadarpa merang tyasira | dene miyarsa pawarti | lamun para wadyanira | kang sami nêmu prihatin | sami dèn pitulungi | ing sira Sang Balya Prabu | têmah ngraos kasoran | kawicaksananing galih | nulya sami mukswa wangsul dadya dewa ||

24. dadya mung lêt kalih warsa | lan mukswanira kang rayi | nênggih Hyang Panjikesawa | samana ing pulo Jawi | mung kêkalih narpati | Hyang Surapati puniku | mangrèh para jawata | dene Sang Balya Narpati | mangrèh kutu-kutu wong alang têtaga ||

23. Kinanthi

1. kinanthi ingkang winuwus | para narendra kêkalih | dènnya ambawani praja | sampun sawatara lami | kunêng mangkya Sang Hyang Kala | tumurun mring ngarcapadi ||

2. jujug madyèng samodra gung | amêmôngsa ulam warih | ya ta dewaning

--- 157 ---

samodra | Sang Bathara Gôngga nami | umatur mring Sang Hyang Kala | lamun isining jaladri ||

3. sangêt dènnya kawlasayun | lir siniksa tanpa sisip | sruning kataman ruhara | Hyang Kala dipun aturi | dhahara isining dharat | Hyang Kala mangkana angling ||

4. hèh Hyang Gôngga wruhanamu | kabèh bêburoning warih | iku wênang sun misesa | kang tanpa dosa sadêrmi | Hyang Gôngga kèndêl gya kesah | tan lami angsal pambudi ||

5. tumulya wangsul umatur | dhuh putraning batharadi | amba mangke nyuwun priksa | mênggah asaling dumadi | punapa nunggil kaanan | Bathara Kala mangsuli ||

6. mungguh asaling tumuwuh | anunggal kaanan jati | Hyang Gôngga gumuyu suka | yèn makatên tuwan sisip | de sampun karsa angrisak | bôngsa paduka pribadi ||

7. môngka paduka puniku | kajawi asal kang jati | atas ing pamyarsa amba | tumitah wontên jaladri | lair batin nunggil asal | lan bêburon jroning warih ||

8. Sang Hyang Kala dupi ngrungu | sangêt merang nulya mulih | datan lami antaranya | Sang Bathara Kala nuli | wangsul marang ngarcapada | jujug dhatêng

--- 158 ---

tanah Jawi ||

9. lan Hyang Antaga puniku | ingkang kinon angêmbani | dhumatêng wau Hyang Kala | tumêdhakira wus mawi | wawênang saking kang rama | nênggih Sang Hyang Sidhajati ||

10. pinaring pêpancènipun | ingkang rinilan binukti | nulya Sang Wisnu Bathara | tumurun lan rayi kalih | Hyang Mahadewa Hyang Cakra | Hyang Sêmar ingkang ngêmbani ||

11. wau kadangnya Hyang Wisnu | putranya Dyah Uma laksmi | yun ngruwat mangsane Kala | pratelanipun winarni | kang rinuwat ing Hyang Suman | sajuga wong ontang-anting ||

12. tanpa kadang têgêsipun | tuwin gadhana-gadhini | sakadang èstri lan priya | kêmbar mahya tunggil ari | yeka priya sami priya | lamun èstri sami èstri ||

13. gondhangkasih malihipun | yeka rare kêmbar ugi | nanging bule kang sajuga | satunggal cêmêng utawi | wungkak bungkus wêdalira | wungkus wahya tanpa bingbing ||

14. tiba sampir kalung usus | tiba ungkêr wau bayi | kagubêd ngusus lairnya | saha mêdalipun mawi | sêsakitên punang jabang | dangu botên sagêd nangis ||

15. myang jêmpina wahyanipun | dèrèng môngsa iku lair |

--- 159 ---

kados ta mêdal nêm wulan | pitung wulan wolung sasi | margana lair nèng paran | wahana pramean mijil ||

16. julungwangi têgêsipun | palêthèking surya lair | julungsarab plonging surya | julungwujud surup lair | julungsungsang wêdalira | amarêngi têngah ari ||

17. sêkar sêpasang puniku | sadhèrèk kalih samèstri | tuwin ugêr-ugêr lawang | ugi kalih priya sami | pancuran kaapit sêndhang | jalêr sajugèstri kalih ||

18. sarômba sadhèrèk catur | priya sadaya utawi | sêndhang kaapit pancuran | wadon siji priya kalih | sarimpi iku têgêsnya | kadang papat sami èstri ||

19. pancalaputra puniku | kadang gangsal priya sami | pancalaputri punika | kadang lima samya èstri | pipilan sadhèrèk gangsaggangsal. | èstri catur priya siji ||

20. tuwin padangan puniku | jalêr catur wadon siji | miwah lare mila slewah | krêsna cêmêng awit bayi | wungle bule myang walika | yèku bajang awit bayi ||

21. wungkuk bayi mula wungkuk | butun bucu wontên wingking | dhêngkak bucu munggèng ngarsa | wujil cebol awit bayi | anjawi [anja...]

--- 160 ---

[...wi] saking punika | wonlênwontên. kang rinuwat malih ||

22. sakèhe wisma puniku | lamun klangkung surup wanci | tan inginêp lawang ina | myang tutup keyong tan mawi | sarta sarupane wadhah | ingkang nora dèn tutupi ||

23. lan tiyang tanpa têtawur | adêdupa myang sêsaji | anglêlabuh lan mêmulya | ambèn tanpa dèn gêlari | kasah lante tuwin klasa | myang pajangan tanpa samir ||

24. kasur tanpa pramadèku | sumur bênêr ngarsèng panti | myang lêrês wingkinging wisma | tuwin ngadêgakên panti | êmpyak kang sisih wus munggah | kang sasisih sanès ari ||

25. lumbung tanpa dhasar iku | ngrêbahakên dandang mungging | padangan myang atrap dandang | nèng pawon durung mususi | nugêlkên gandhik pipisan | lan mêmipis durung mranti ||

26. racikaning jampènipun | pipisanira tumuli | linumahakên utawa | mipis majêng ngalèr tuwin | mangidul lan majêng ngetan | tuwin malih wong mêmipis ||

27. purun mêndhêt jampènipun | kang wontên ngajênging gandhik | kang sarta salamènira | tan nate nênapu tuwin | napu wayah bêngi uga | utawa kêkêlud jarit ||

28. tiyang napu uwuhipun | ingandhêgakên [ingandhê...]

--- 161 ---

[...gakên] utawa |Seharusnya guru lagu: 8i, ingandhêgakên utawi. binasmi tuwin ambucal | uwuh dhatêng longan tuwin | kêkêlud mung mawi tangan | wong ngadêg têngahing kori ||

29. myang gandhulan gawangipun | asêsèndhèn pipi kori | wong crobo myang awêwuda | myang rêmên angore wèni | sôngga wang kêthok kênaka | cinakot datanpa lading ||

30. utawa ngêthoki kuku | nalikane wayah bêngi | sogok untu lan kênaka | sugih sêpata gorohi | mring darbèkira priyôngga | myang rêmên angobong wèni ||

24. Maskumambang

1. kang sinawung ing sêkar lagu maskentir | mêmangsane Kala | liyan sing kasêbut ngarsi | yeka malih winursita ||

2. tiyang bêsmi balung utawi bakari | alar kulit bawang | lan kajêng kelor binêsmi | sarta kulitaning dhadhab ||

3. angobongi munthu irus enthong ilir | iyan sapu gêrang | bucal tuma tinggi uriwurip. | utawi bêbucal uyah ||

4. tiyang bucal sêkul duduh jangan tuwin | ambucal kokohan | balèning sisa utawi | tilêm bungkus dêlamakan ||

5. tiyang mènèk sampun mudhun mènèk malih | enjing-enjing nendra | tilêm nuju surup rawi | tilêm mangkurêp [mang...]

--- 162 ---

[...kurêp] malumah ||

6. lawan malih tilêm taksih ngangge klambi | angêbuk padharan | kalamun ing wanci ratri | anatapakên wêwadhah ||

7. tiyang nêdha ajang pucukan ron tuwin | nêdha lan tilêman | nêdha kêlawan lumaris | nêdha sarwi ngore rikma ||

8. nêdha sêkul taksih bêntèr dipun bukti | nêdha tanpa dilah | kêlamun ing wanci ratri | nêdha wontên papan sonya ||

9. nyinggahakên ajang botên dèn asahi | madhangakên sêga | saha simpên sêkul aking | nêdha wontên patilêman ||

10. tiyang mêntas nêdha tanpa wisuh tuwin | nlusur tuma sinjang | pêpetan ing wanci ratri | myang metani rabènira ||

11. tiyang karêm dhedhe saha api-api | angandhangke ayam | rajakaya nèng jro panti | pêtarangan jroning wisma ||

12. linggih anèng bantal kasuran myang guling | angusapi muka | nganggo sinjang tuwin klambi | ngusapi lambe lan sinjang ||

13. mêntas nêdha dèrèng wisuh ngêmèk jarik | sabarang mêmangan | nganggo suru godhong nanging | tan sinuwèk suronira ||

14. anguculi wungkusan sinuwèk tuwin | ngiling lênga clupak | uga mring clupak utawi |

--- 163 ---

lan driji ngungalke diyan ||

15. myang sarana gagang suruh tuwin malih | ucêng-ucêngira | têgêsan ingkang kinardi | ngambung anak lagi nendra ||

16. tuwin nglela-lela anak wayah bêngi | uwong darbe karya | mantu mring pawon niliki | wong wadon kang lagi wawrat ||

17. ngêngandhuti utawa anggêgemboli | anglungguhi tampah | utawa nglungguhi tambir | sênik tenggok alu lumpang ||

18. ngêgarakên payung nèng sajroning panti | ngunèkke drêmenan | ngadêkke gulungan lampit | tan linêmpit singgah klasa ||

19. nyêluk bapa biyung cinêluk kang nami | blêbêkên lantingan | marang jroning gênthong tuwin | ngadêkakên sapu sada ||

20. ngiling banyu sêka kêndhi marang kêndhi | nglangkahi landheyan | kayu kelor dèn langkahi | wayah bêngi muni macan ||

21. ênjêt ula myang simpên watu cêndhani | anèng jroning wisma | ngilo lan gumuyu tuwin | angilo sarwi mêmangan ||

22. mithês tinggi tan ingambung myang gitêsi | lingsa mung dèn iras | nambut gawe asar kongsi | surup nora gêlêm bubar ||

23. tuwin malêm Sukra nglêmbur nambut kardi | janma mantu buwang | uwuh nèng sajroning panti |

--- 164 ---

myang nganggo tratag lungsuran ||

24. myang angganggo gêdhèg lungsuran prituwin | nyambêl binanyonan | wedang duduh jangan tuwin | idu ngilo-ilo diyan ||

25. tiyang adang kukusan dèn trapi kêndhil | kêlan godhong sabrang | nanêm pisang mas utawi | nanêm lung wontên ing latar ||

26. tiyang ngangge griya bangbangan prituwin | tilas kandhang sanggar | lungsuran cungkup utawi | pawon karêtêg gêdhogan ||

27. adêdupa dintên malêm Sukra Lêgi | lan ing Sukra Wagya | tuwin ngadêkakên panti | nganggo usuk bumbung wungwang ||

28. yeka môngka pangane Hyang Kala pêsthi | dadya rad-aradan | yogyane dipun singkiri | girisa tyase Hyang Kala ||

25. Girisa

1. mangkana Hyang Girinata | duk dhawuhkên mring Hyang Kala | he kulup sakèhing janma | kang padha duwe klakuan | lir mau warsitaningwang | glis mangsanên badanira | dene yèn bawalêksana | mung mèkên kabêgjanira ||

2. têgêse sira pêpêta | sandhang lawan panganira | mrih gampanga sira arat | ananging manawa janma | santosa bêbudènira | tan kêna sira wasesa | ing salawas-lawasira | samana Hyang Girinata ||

3. sangêt [sa...]

--- 165 ---

[...ngêt] miduwung ing driya | katarucut panabdanya | cipta sangêt wêlasira | mring manungsa ngarcapada | mila Sang Bathara Suman | ya Risang Wisnu Bathara | tinurunkên kinèn ngruwat | kabèh mêmangsane Kala ||

4. waktu wau Sang Hyang Kala | kawêlèh-wêlèh solahnya | dènira arsa mêmôngsa | rèhne wus sami rinuwat | dening Hyang Panji Kesawa | janma kang mêntas rinuwat | dhinawuhan angungêlna | môntra rajah kalacakra ||

5. kang anèng jajaning Kala | tumraping bêdhati sastra | ing urip prayoga wikan | dèn kongsi praptaa ing tyas | rajah tulaking sangsara | kang apitanbuh sanyata | tan wurung pinangan Kala | yeka sastra ungêlira ||

6. ya maraja jaramaya | ya marani niramaya | ya silapa palasiya | ya midoro rodomiya | ya midosa sadomiya | ya dayuda yudaya |Kurang satu suku kata: ya dayuda dayudaya. ya siyaca cayasiya | ya sihama mahasiya ||

7. mangkana surasèng sastra | hèh sakèhing pangrêncana | ilanga ing luwihira | ingkang anêkani uga | sirnaa kaluwihannya | kang wèh luwe marêgana | kang wèh mlarat nyukupêna | kang nyikara ywa nangsaya ||

8. ingkang

--- 166 ---

mêrangi laruta | yèku laruta kuwatnya | kang cidra kogêl asiha | kang dadya ama asiha | lya saking ungêling sastra | sadaya ingkang rinuwat | sami dhinawuhan brata | wiwit wanci surup surya ||

9. siyam praptèng madya rina | tuwin mêlèk bangun enjang | muput dumugi sadina | dungkap ratri sirêp janma | tangine mawi adusa | mlampah-mlampah sawatara | bisu wiwit bangun enjang | dumugi wijiling surya ||

10. jroning bisu mêsu pudya | nyipta rahayuning raga | myang waktu-waktu nyêgaha | ulah rarasing asmara | sajêroning satus dina | manawa nora kawawa | yeka patang puluh dina | lakune sabar santosa ||

11. dupi sakathahing janma | sami anglampahi brata | lir dhawuhira Hyang Suman | Hyang Kala ajrih anyêlak | panas rasanirèng angga | upama sinanglat mawa | wêkasan sakèhing janma | sami anulus raharja ||

12. saksana Sang Hyang Antaga | manggihi Bathara Sêmar | minta mrih ywa pinaeka | kang dadi karêpe Kala | dènirarsa amêmôngsa | rèh wus kalihan wawênang | kang pancèn kêna minôngsa | Hyang Sêmar lon nambung sabda ||

13. kakang Antogog wruhanta |

--- 167 ---

lara manawa waluya | dening môntra myang usada | sayêkti lulus raharja | Hyang Antaga sanalika | sangêt merang nulya mukswa | wau Sang Bathara Kala | èstu tan olih mêmangsan ||

14. Hyang Wisnu sakadangira | tuwin Hyang Sêmar gya mukswa | ya ta samana Hyang Kala | ngumpulakên brêkasakan | lêlêmbut sakèh kamisuwita |Lebih dua suku kata: lêlêmbut sami suwita. sumawana Sang Hyang Kala | anggêlarakên kagunan | pencut para janma ||Kurang dua suku kata: mrih kapencut para janma.

15. sami sumungkêm suwita | Hyang Kala gya natagama | pra janma kèh kang kagiwang | angrasuk agama Kala | tinggal agamane lama | Sambu Wisnu Bayu Endra | utawi agama Brama | mung kêdhik kang maksih kêkah ||

16. wêktu puniku Hyang Kala | yasa candhi nèng samodra | sakiduling tanah Jawa | rinêngga asri kawuryan | Candhi Kamale wastanya | kocap tan watara lama | Sang Hyang Kala malih yasa | candhi nèng pinggir samodra ||

17. ingistha kadi gapura | sinung nama candhikala | minôngka margi trus marang | Kamale jroning samodra | dupi sawatara warsa | Hyang Kala ugi amurwa | candhi anèng wana tulyan | ing salèring Lawu arga ||

18. môngka bale pacrabakan |

--- 168 ---

langkung endah warnanira | Candhi Sali wastanira | duk samana para janma | kang nut mring agama Kala | kèlu tyasira gya yasa | candhi dumunung ngarêpnya | Candhi Sali pacrabakan ||

19. Candhi Sali namanira | kunêng gantya kang winarna | Mahraja Balya miyarsa | manawi ing wana tulyan | wontên anyar ananêka | pruhita digbya sumbaga | anggêlarakên agama | kèh janma kèrup tyasira ||

26. Dhandhanggula

1. srênging karsa Sri Balya gya nuding | nimbali mring kang anyar nênêka | Rêsi Kuramba kang kinèn | nyarirani atêmu | cinarita sampun kapanggih | lan sang pruhita digbya | nanging sang dinuduh | datan pisan lêbdèng karsa | ngadu guna kasaktèn nanging katitih | dening pêngaribawa ||

2. wangsul matur mring Sang Balya Aji | bilih lampahnya tan angsal karya | malah kongas pangalême | mring Hyang Kala ing ngriku | Maharaja Balya sru runtik | sira Rêsi Kuramba | tansah dèn wus-uwuswuh-uwuh. | sangêt merang ing tyasira | nulya mukswa dene Sang Kuramba Rêsi | yeka Hyang Singajalma ||

3. Maharaja Balya gya nêdhaki | sampun kapanggih lan Sang Hyang Kala | kocap gya ngabên kasêktèn | nanging Sang Balya Prabu | ing sakridhanira [sakri...]

--- 169 ---

[...dhanira] katitih | tumulya puruhita | agamanya santun | ngadhêp mring agama Kala | Sang Hyang Kala ingambil kadang taruni | ngiras môngka pruhita ||

4. gya binêkta mring Siwanda nagri | winisudha dadya mantrimuka | Sang Guru Wedha parabe | tuwin malih kasêbut | Sang Siwandakara tumuli | Sang Maharaja Balya | nglar jajahanipun | kongsi praptèng tanah sabrang | kèh kang kèlu ngidhêp mring Kala agami | wau agama Kala ||

5. wêktu puniku dipun wastani | agama Siwah awit kabêkta | dening kang madêg pamase | Yang Hyang Siwah puniku | kunêng gantya ingkang winarni | para bôngsa rasêksa | gandarwa lan diyu | suwitèng Sang Raja Balya | pêngagêngnya kêkalih kasbut ing Waki | Sri Citraksa ing Wakang ||

6. duk samana Sang Balya Narpati | kasumbaga narendra sudigbya | linuhur panjênêngane | môncaraja sumuyut | ya ta Raja Balya winarni | utusan para raja | umangsah ing pupuh | ngêrbasèng pura Kaendran | darunanya uning Sang Balya pinurih | nut ing agama Endra ||

7. nanging Raja Balya tan kagimir | malah Hyang Endra kinèn manuta | mring Hyang Kala agamane | nanging Hyang Endra lumuh | kêkalihnya [kêkalih...]

--- 170 ---

[...nya] padudon sami | Hyang Endra tan sarônta | gya nglêpaskên guntur | Raja Balya sanalika | kabêranang krura madêg surèng galih | ngrurah ing Suralaya ||

8. mandhegani yuda sang apatih | Guruwinda tuwin Raja Waka | Sri Citraksa sapraptane | ing Suralaya laju | sawadyanya mangsah bêk pati | pra dewa magut ing prang | sami sura campuh | rewônda malawa pêjah | Sang Apatih Guruwinda kang mêjahi | pra dewa kasor ing prang ||

9. amêlajar malbèng jroning nagri | Suralaya kinêpung têpung glang | para jawata yudane | lumawan srana guntur | mungsuh têmah tan ana wani | ngrampit mêrpêki kutha | Hyang Endra winuwus | arsa yasa astraning prang | ngumpulakên pra dewa kang sami bangkit | pandhe karya gêgaman ||

10. antuk limalas yeka wêwangi | Hyang Rama kanthi Hyang Ramayana | Ramakandheya katrine | puniku arènipun | nênggih Risang Êmpu Rahmadi | Isakadi malihnya | yeka putranipun | Êmpu Rahmadi Bathara | Widayana Dewayana Madewadi | tiga pisan punika ||

11. Sang Hyang Ramayana kang sêsiwi | Hyang Kandhikan lan Hyang Kandhihawa | kêkalih pisan putrane |

--- 171 ---

Ramakandhi puniku | Sang Hyang Ramangadhu lan malih | Janabadha Bathara | kalih wêlasipun | anama Hyang Endrabadha | Irabadha Sang Hyang Midhabadha tuwin | Sang Hyang Sakandrabadha ||

12. dewa nênêm puniku pan sami | Sang Hyang Kandheya kang darbe putra | dènnya wau sami pandhe | tan dangu nulya rampung | astra dhêndha nanggala sali | jatmaga lan tomara | marcujiwa limpung | parasu côndra purnama | arda côndra kêris dhapur surèngpati | tuwin dhapur curiga ||

13. towok trisula duduk lan boji | palu piling gandhi lori braja | musala lan musarane | caluman bradhi puthu | Patih Guruwinda miyarsi | lamun Hyang Endra yasa | astraning apupuh | amasang sasirêpira | ngicalakên mandining gêgaman sami | mrih abêr nir kang daya ||

14. ya ta Sang Hyang Bayu ngudanèni | mring pakartènira Sang Hyang Kala | ngapêskên gêgaman kabèh | Hyang Bayu gya têtulung | nyipta pôncawara dhatêngi | Sang Hyang Siwandakara | saha wadyanipun | sirna kabuncang maruta | ing palagan siji tan ana kang kèri | sanggya wus mulyèng praja ||

15. Patih Guruwinda nulya maswi | ing byantarèng Maharaja Balya | angaturkên sasolahe |

--- 172 ---

ya ta Sang Balya Prabu | animbali Sang Hyang Hèrmadi | yeka putra Mandhanya | dene kang sêsunu | nênggih Sang Hyang Eradrastha | sudarmanya Hyang Eramana wêwangi | Hyang Êning kang pêputra ||

16. kinôndha sagêgamaning jurit | Hyang Hèrmadi nganthi arènira | Êmpu Wisakarma rane | gya lumaksanèng tuduh | tan adangu astra wus dadi | warni gada badhama | bindi alu-alu | dhêndha tuwin alugora | ya ta para dewa yasa astra malih | warni busur myang srampang ||

17. gayur salukun cacap caliprit | berang rajang kanjar lan karsula | tamsir tuwin mukasale | luhita muka palu | nulya Risang Balya Narpati | dhawuh tambahi yasa | astraning prang pupuh | awarni trancang bêrandang | luya tuwin têlawak myang kalawai | lan kêris dhapur jalak ||

18. karajan kalih yun rêmpon jurit | Mêdhangsewanda lan Suralaya | kunêng kang winarna mangke | ratonirèng lêlêmbut | ngadhaton nèng têlêng jaladri | èstri kalih sakadang | sowang-sowang mêngku | wibawa ngrênggani praja | kalih pisan marêg mring Siwanda nagri | kapanggih lan Sri Balya ||

19. matur nyuwun wulang bab agami | sanalika ugi [u...]

--- 173 ---

[...gi] winarsitan | wusing putus sakarone | Sang Maha Balya Prabu | ingaturan rawuh ing jladri | dhumatêng kratonira | dyah kêkalih wau | Raja Balya ingaturan | mradinakên tataning Siwah agami | ing prajanya dyah nata ||

20. Raja Balya ugi mituruti | nulya bidhal mring têlêng samodra | Patih Guruwinda dhèrèk | ing marga tan winuwus | sampun rawuh têlêng jaladri | nulya mulang agama | mring sagung lêlêmbut | sadaya sampun pranawa | ratu èstri ayu kang sêpuh wêwangi | Sang Rêtna Adiyaka ||

21. Sang Dyah Adiyati kang taruni | narpawadu kang warda ginarwa | ing Sang Raja Balya dene | kang anom nuli dhaub | lan Sang Guruwinda Apatih | Sang Raja Balya dènnya | nèng kraton lêlêmbut | kocap kantos pitung warsa | gya Sri Balya ing patih dipun aturi | kondur mring prajanira ||

22. rèhning nuju wontên kang ginusthi | dènira yun bêdhah Suralaya | bok jalari sumêlange | pra wrahabbalawrahatbala. sagung | lawan malih dipun aturi | nyarirani ing yuda | nganthia pra ratu | lêlêmbut myang bêrkasakan | kinêrikna sawadyabalane sami | ngrurah ing Suralaya ||

23. Raja Balya myarsa turing patih |

--- 174 ---

sangêt kapinujon galihira | nulya pamit mring garwane | sarta malih dhêdhawuh | mring kang garwa pinrih miranti | tataning yuda brata | ing samôngsa ayun | ngangkati bêdhah Kaendran | narpawadu sawadyanya pinrih sami | anggolong wadya janma ||

24. kang sinung ngling sanggêm nyandikani | Raja Balya samana wus bidhal | saking kratoning garwane | tan antara gya rawuh | dharat anèng têpining jladri | kunêng kang cinarita | Sang Bathara Wisnu | tuwin Sang Bathara Brahma | wus miyarsa yèn Sang Raja Balya apti | gêmpur ing Suralaya ||

25. tumulya rawuh ing tanah Jawi | miyarsa trang yèn Sang Raja Balya | mring têlênging samodrane | Hyang Brahma lan Hyang Wisnu | nyêgat anèng pinggir jaladri | Hyang Brama mindha warna | banthèng birawa nung | Bathara Wisnu marupa | rare bajang ya ta Sang Balya Narpati | kapêthuk tindakira ||

26. gya andangu mring sang mindha warni | bocah bajang sapa aranira | ana kene angon banthèng | kang tinanya lon muwus | sangkaningsun saka ing langit | sêdya mring jro samodra | yun mugut nyawamu | Sang Raja Balya sru nabda | sira arêp matèni mring jênêng mami | apa gêgamanira ||

--- 175 ---

27. risang mindha warna amangsuli | kasaktèn kasor lan panarima | Sang Raja Balya sêdene | sang patih sangêt bêndu | nulya mintonakên kasaktin | mawarna pangabaran | nanging Sang Hyang Wisnu | datan pisan-pisan ulap | sagêndhingnya Sang Raja Balya lan patih | kabrastha tanpa tilas ||

28. Raja Balya tuwin nindyamantri | tiwikrama madêg nèng samodra | sundhul ing langit sirahe | kang angga pindha gunung | asta suku datanpa wilis | srira pênuh gêgaman | naga mulêt suku | sêsumbar nora gumêntar | oswa mêsês lir sindhung riwut mangidit | yayah nglêburna jagad ||

29. nulya rare bajang animbangi | tiwikrama sirah trus ngakasa | amblês bantala sukune | diwangkara lan tèngsu | kapusthi nèng tangan kêkalih | andaka tiwikrama | mawa gêni murub | ngèbêgi bumi ngakasa | toyaning kang jladri umob molak-malik | kumrangsang asrang-srangan ||

30. Maharaja Balya lan sang patih | kasalad ing dahana upama | binalang sèwu srêngenge | gya mugswa kalihipun | wangsul dadya jawata malih | ya ta sang narpakênya | ratuning lêlêmbut | sarwi marêk lan karuna |

--- 176 ---

angrêrapu mring sang mindha warna pinrih | angracut krodhanira ||

31. Sang Hyang Brama lan Hyang Wisnu nuli | sami waluya jatining warna | ya ta narpèstri karone | Dyah Adiyaka laju | ginarwèng Hyang Brama prituwin | Dyah Adiyati nulya | ginarwèng Hyang Wisnu | kocap Sang Bathara Brama | gya jumênêng nata nèng Sewanda nagri | juluk Sri Budawaka ||

32. Sang Bathara Wisnu angratoni | sakèhe lêlêmbut jro samedrasamodra. | gya mradinkên agamane | kunêng mangkya winuwus | Sang Hyang Kala malih ngêjawi | jujug ing wana tulyan | nulya madêg ratu | jêjuluk Prabu Berawa | dene prajanira wau dèn wastani | nagri Mêdhangkamulan ||

33. yeka Mêdhangkamulan ping kalih | nulya wontên dewa angêjawa | têtiga sami sadhèrèk | kang sêpuh wastanipun | yeka Sang Bathara Sukskadi | Raksakadi arinya | dene kang waruju | Sang Rasikadi Bathara | sami Sang Hyang Isaka ingkang sêsiwi | jujug Mêdhangkamulan ||

34. nyuwita mring Sang Berawa Aji | wus tinampèn pangawulanira | datan antara lamine | Hyang Antaga tumurun | marang Mêdhangkamulan nuli | dinadoskên pêpatya |

--- 177 ---

ing nama kasêbut | nênggih Patih Saraita | kunêng sutèng Rêsi Danu kang bêbisik | Sang Prabu Danupaya ||

35. arènira Sang Danuka Aji | darbe kadang wadon ngadêg nata | Sri Danupati juluke | Sang Danupaya Prabu | sabiyantu lan Sri Danupati |Lebih satu suku kata: sabyantu lan Sri Danupati. samêkta ing ayuda | ewon wadyanipun | nglurug mring Mêdhangkamulan | nulya bidhal kêbut wadyabala yêgsi | gumuruh sabawanya ||

36. enggaling carita sampun prapti | Mêdhangkamulan gya campuh yuda | gumolong grêgut tandange | rowang mungsuh kèh lampus | Sri Berawa ngawaki jurit | Sang Prabu Danupaya | miwah arènipun | kasor adu kasantikan | sakridhanya katitih satêmah sami | nungkul sawadyanira ||

37. Prabu Berawa sru sukèng galih | ya ta mangkya gênti kang winarna | Hyang Endra tampi dhawuhe | Risang Bathara Guru | nelad pasang rekaning rakit | karaton Ngimalaya | Sang Hyang Endra gupuh | mèstu pangrèhing sudarma | nglêksanani murwèng kahyangan tan lami | punapa kartènira ||

38. tigang pôntha wus sinungan nami | yeka kahyangan Junggringsalaka | sarwa seta rêrênggane | ing

--- 178 ---

Tejamaya iku | pan rinêngga sarwa warna abrit |Lebih satu suku kata: pan rinêngga sarwa warnabrit. dene Paparywawarna | cêmêng rêngganipun | samana ing Suralaya | kôndha-kandhanira tuhu anyèplêsi | lan kraton Ngimalaya ||

39. datan lama Sang Hyang Surapati | murwèng parêpatan kang pinindha | yeka marcukundha bale | myang bale markatèku | mawi ingubêngan bênawi | winastan Adimara | tuwin yasa bukur | pangarip-arip punika | nelad ingkang ngran selamatangkêb kori | myang êmbêl blêgêdaba ||

40. Yasamani pama kang ingirib | kang nama kawah Côndradimuka | sumur Golang-galing dene | kang tinelad puniku | kang anama wot ogal-agil | nahên ing Suralaya | mangkya kang winuwus | Sang Mahaprabu Berawa | ngirit wadyakuswa nyarirani jurit | bêdhah prajèng Sewanda ||

27. Pangkur

1. kapungkuring prajanira | sapraptaning Mêdhangsewanda nagri | enggaling carita sampun | campuh mungsuh lan rowang | Prabu Budawaka kasor yudanipun | mabonglot saking palagan | ngungsi marang Mêdhanggili ||

2. nèng ngriku jumênêng nata | prajèng Mêdhanggili dèn lih kang nami | ing Gilingwêsi puniku | ya ta Prabu

--- 179 ---

Berawa | sawusira rêrêm saha wadyanipun | gya darbe karsa ambêdhah | kratoning sang surapati ||

3. Risang SuksladiSukskadi. Bathara | sangêt-sangêt dènira amambêngi | miwah para arènipun | myang Patih Saraita | bêbolèhe amrih Sang Berawa Prabu | anyandèkna karsanira | nanging tan pisan ginalih ||

4. wau bathara têtiga | gya tinundhung sarêng alinggar sami | Patih Saraita laju | mukswa dadya jawata | cinarita Bathara Wisnu gya rawuh | amindha warna brahmana | Brahmana Kèstu kang nami ||

5. marêk ngarsèng Sri Berawa | angrarêpa sru dènnya mêmalangi | mamrih Sang Berawa Prabu | murungna karsanira | nanging aturira Sang Brahmana Kèstu | datan pisan ginaliha | malah dadoskên sru runtik ||

6. anulya aprang wicara | sami ngabên kalêpasaning galih | Sang Maha Berawa Prabu | akagungan cangkriman | pinrih batang mring Risang Brahmana Kèstu | mangkana cangkrimanira | tuwuh gon têlênging warih ||

7. uwitnya pêthak sumilak | godhong jênar kang sêkar langkung abrit | nêdhêng cêmêng uwohipun | isi sotya mawarna | sarta rasa nênêm prakara puniku | dadya [da...]

--- 180 ---

[...dya] wisa tuwin marta | tan kenging pinisah yêkti ||

8. pambatangnya sang brahmana | tuwuhirèng pramana anèng ati | suci puniku witipun | birai godhongira | sêkar duka cipta santosa wohipun | isènira pôncadriya | lan raos nênêm prakawis ||

9. lamun awon mêdalira | dados wisa yèn sae dados jampi | manawi pisah puniku | wêkasaning kasidan | Sang Aprabu Berawa dupi angrungu | ing sanalika rumôngsa | kasor lêrêsirèng budi ||

10. gya linungsur kratonira | Sang Hyang Wisnu sumilih madêg aji | dene ta jêjulukipun | Sang Prabu Budhakrêsna | Sang Hyang Kala kinèn ngratoni lêlêmbut | wontên wana Krêndhayana | talatah ing Kêndhêng ardi ||

11. kahyangannya Sang Hyang Kala | pan winastan ing SetagôndamayidSetragôndamayid. | ya ta wau kang winuwus | Sang Sukskadi Bathara | sawadyanya mring Gilingwêsi tumundhuk | ing Sang Prabu Budhawaka | kanggêp dènira andasih ||

12. sring tinantun ing pirêmbag | bab pangastanira pusarèng nagri | pangrèhing wadya sawêgung | kunêng kang cinarita | putranira Risang Budhawaka Prabu | ing ratri nis saking pura | nama

--- 181 ---

Dyah Brahmaniari ||

13. sirnanira tanpa krana | ingulatan tita datan pinanggih | Risang Budhawaka Prabu | gya darbe sayêmbara | sadhengah wong kang manggihkên sang rêtnayu | dhinaubkên sanalika | ya ta Bathara Sukskadi ||

14. umatur mring sri narendra | tuhu priksa dunungira sang putri | anèng Yumani puniku | Sang Sukskadi Bathara | dhinawuhan ngambil dhatêng sang rêtnayu | ananging datan kaduga | rèhning tan uning kang margi ||

15. ngaturkên bilih tan wikan | yeka Risang Bathara Raksakadi | saksana nulya tinuduh | ngambil wau sang rêtna | tan kaduga rèhning gawat marganipun | wêlaking Hyang Ôntaboga | gya Bathara Raksikadi ||

16. nyagahi ngambil sang rêtna | gya wisata datan winarnèng margi | ing Saptapratala rawuh | wus kapanggih kalawan | Hyang Anantaboga Rasikadi matur | nuwun mlêbêt mring lak-lakan | margining dhatêng Yumani ||

17. sarta matur lamun arsa | angulati ing Dyah Brahmaniari | Hyang Anantaboga muwus | Rasikadi wruhanta | Dyah Brahmaniari kang nyingitkên ingsun | arsa ngong dhaubkên lawan | putrèngsun Sang Hyang Basuki ||

18. ewadene rèhne sira | wus sumurup [su...]

--- 182 ---

[...murup] yèn Dyah Brahmaniari | ana ing Yumani iku | ingsun paringkên uga | nanging lamun sira kaduga amuruk | ing bab pratingkahing aprang | putrèngsun Sang Hyang Basuki ||

19. Sang Rasikadi Bathara | anyagahi gya Bathara Basuki | winulang kridhaning pupuh | udrêg sêndhal-sinêndhal | caruk rukêt silih ungkih dangu-dangu | sami kabranang tyasira | satêmah dadya prang tandhing ||

20. rame rok midêr kèdêran | tan antara Hyang Basuki kalindhih | HyaHyang. Anantaboga gupuh | nyapih kang bôndawala | sarwi nabda Raksika he wruhanamu | Si Basuki mêngko nyata | wus katon widagdèng jurit ||

21. lèrèna pamurukira | ya ta sampun kèndêl kang ulah jurit | Dyah Brahmaniari gupuh | pinaringakên marang | Sang Bathara Raksikadi sukèng kalbu | gya pamit sampun rinilan | mêsat tan winarnèng margi ||

22. praptèng Gilingwêsi praja | ngaturakên Dèwi Brahmaniari | ing Sang Budhawaka Prabu | dadoskên lêjaring tyas | ya ta para dewa têtiga anyuwun | kalakone yasêmbarasayêmbara. | ngraos sami angsal kardi ||

23. Sang Sukskadi ingkang wikan | dunungira Sang Dyah Brahmaniari | Sang Raksikadi

--- 183 ---

puniku | kang tuwuh marganira | Raksikadi ingkang kalampahan purun | kapanggih lan Antaboga | angambil sang rajaputri ||

24. Sri Budhawaka sru kewran | mangsul sabda pan lagya pinanggalih | kunêng gantya kang winuwus | wontên dityèstri prapta | saking wiyat maswèng ngabyantaranipun | Mahaprabu Budhawaka | gya dinangu ingkang nami ||

25. pinôngka myang panêdyanya | ditya matur anama pun Pisaci | dinutèng narendranipun | Sang Prabu Jambuwana | prajèng Prajantaka pinurih umatur | yèn ing mangke prajanira | arda kambah ing pagêring ||

26. wau Prabu JambuwonaJambuwana. | angsal wangsit mrih sirnaning kang sakit | anggarwaa putrinipun | Sang Prabu Budhawaka | salah juga tan mawi pilih puniku | dhapur praptaning cundaka | kinèn ngêbun-êbun enjing ||

27. ciptanira sri narendra | antuk marga kang mrih ruwating kingkin | mangkana wangsulanipun | sagah arsa maringna | triman putri mring Sang Jambuwana Prabu | nanging yèn kaduga berat | rêntênging tyas sri narpati ||

28. Sri Budhawaka gya ganjar | ingkang dadya darunaning prihatin | yèn Sang Jambuwana Prabu | kaduga pinrih prapta | wil Pisaci pamit wus rinilan gupuh | mêsat wangsul [wangsu...]

--- 184 ---

[...l] mring prajanya | ya ta tan antara lami ||

29. ditya Raja Jambuwana | sampun prapta nagri ing Gilingwêsi | mangkana nulya umatur | juwitaning jêwita | têgêsipun èstrining nyawa puniku | amung kang ngêtohkên nyawa | ingkang wajib andarbèni ||

30. kang sung pitêdah panggenan | tuwin ingkang suka pitêdah margi | mung klêrês angsal lêlintu | bêngkok siti karana | pamènira siti pawèstri puniku | Sri Budhawaka duk myarsa | sakala lêjar kang galih ||

31. Dyah Brahmaniari nulya | sinungkên ing Bathara Raksikadi | dene wau kadangipun | kêkalih wus sinungan | nagri ingkang datan têbih dunungipun | lan ing Gilingwêsi praja | dene Sang Jambuwanaji ||

32. tumulya sinungan triman | atmajendra Sang Dyah Brahmaniyodi | binakta umentar sampun | dhumatêng prajanira | cinarita Dyah Brahmaniyodi wau | dadya tulaking sangsara | wus sirna kèhing sêsakit ||

28. Durma

1. durmanirèng karsa Prabu Budhakrêsna | prajanira tumuli | ingêlih namanya | nagri Purwacarita | kunêng mangkya kang kawarni | Sang Jambuwana | narendraning rasaksi ||

2. maswi dhatêng ing Gilingwêsi [Giling...]

--- 185 ---

[...wêsi] lan bêkta | para wadyabala wil | datanpa wilangan | wit asring winartanan | mring Dèwi Brahmaniyodi | lêlampahannya | Sang Budhawaka Aji ||

3. dènnya kasor lan Natèng Purwacarita | nama Sang Berawaji | ratuning rasêksa | Jambuwana rumôngsa | kamantu têmah mrinani | sapraptanira | ing Gilingwêsi nagri ||

4. matur marang Risang Prabu Budhawaka | arsa anglurug jurit | mring Purwacarita | rinilan sigra mangkat | lan sarta dipun kanthèni | punggawa janma | lan malih dèn paringi ||

5. astraning prang tuhuk anama pun salat | tan winarna ing margi | lampahnya wus prapta | prajèng Purwacarita | Sang Jambuwana tumuli | sawadyanira | mangsah tan ngeman pati ||

6. wadyèng Purwacarita panggah atadhah | gumolong tanpa wilis | grêgut munah lawan | caruk midêr kèdêran | sangêt ramening ajurit | Sang Jambuwana | wadyane kèh ngêmasi ||

7. nulya mangsah angamuk sura tan taha | sru dènnya mamrih pati | wong Purwacarita | larut mirut sasaran | kang panggah têmah ngêmasi | Sri Budhakrêsna | sangêt dènira runtik ||

8. gya rumênggêp ing sanjata [sanja...]

--- 186 ---

[...ta] cakranira | linêpaskên ngênani | Prabu Jambuwana | têguh datan tumama | nanging kumbul mring wiyati | wus tan katingal | wong Gilingwêsi uning ||

9. sami rêbut-dhucung bubar kapêlajar | wangsul mring Gilingwêsi | angaturi wikan | mring Prabu Dhawaka |Kurang satu suku kata: mring Prabu Budhawaka. ing sasolahing ajurit | sakala dadya | sangêt dukaning galih ||

10. winga-winga wêngis jaja bang lir bêlah | kumêdut ingkang lathi | sotyandik ngatirah | tumulya adhêdhawah | sumêkta prantining jurit | sang nata arsa | anêdhaki pribadi ||

11. Sang Bathara Rasikadi dhinawuhan | yasa astraning jurit | nurun kang wus dadya | myang dhinawuhan yasa | astra bramastra kang nami | utawi katga | adhapur tilam upih ||

12. tuwin malih katga kang adhapur lebang | kocap tan lama dadi | sakathahing astra | konjuk ing sri narendra | dadoskên dhanganing galih | katga kalihnya | sami sinungan nami ||

13. ingkang dhapur balebang dhapur pamunah | kang dhapur tilam upih | sinung nama Jaka- | pituruh dene astra | kang warni tuhuk kinardi | kêmbaranira | tuhuk salat kang nami ||

14. sinung aran Tundhung Mungsuh dene astra | cundrik badhong kang nami | Gada Pangluh Bajra | gêgaman [gêga...]

--- 187 ---

[...man] ingkang warna | salukun aran Pagirin | astra liyanya | kathah kang tanpa nami ||

15. Sang Bathara Rasikadi sinung nama | Êmpu Brahma Kadhali | saha winisudha | môngka mantri wisesa | yèku minôngka nisihi | Patih Suwedha | kocap wus sarwa mantri ||

16. sri narendra ambidhalkên wadyanira | Patih Brahma Kadhali | lan watawis wadya | tinêdah têngga praja | wus bidhal samargi-margi | muntab balabar | lir robing jalanidhi ||

17. lumastari lampahnya kocap wus prapta | talatahing nagari | ing Purwacarita | ya ta Sri Budhakrêsna | myarsa ana mungsuh prapti | gya swarèng wadya | samêkta magut jurit ||

18. Prabu Budhawaka rakit glaring yuda | dhawuh nguluk-uluki | astra guntur brama | Sang Prabu Budhakrêsna | swarèng wadya amalêsi | nulya umangsah | ngangsêk caruk ingungkih ||

19. ramening prang tan kongkih mungsuh lan rowang | riwut awuru gêtih | akèh kang pralaya | kunarpa tumpa-tumpa | prang puput kongsi saari | sirêping yuda | kasapih dungkap ratri ||

20. duk byar enjang baskara tunggang ancala | umyang têngarèng jurit | ngumpul pra prawira | sajuru-juru tata | rowang mungsuh

--- 188 ---

ngangsêg wani | ayuda brata | sami sura nrang wèsthi ||

21. wiwit wêktu puniku pamrêping aprang | mindêng siyang myang ratri | rame tanpa rungyan | bantala ngambak-ambak | palagan samodra gêtih | swara srang-srangan | lir alun nêmpuh wukir ||

22. amrabawa surêm saisining jagad | tidhêm Hyang Surya tistis | taru lata lêsah | nglêntrih nglèsèd ing kisma | yayah nyapih kang ajurit | ya ta winarna | Hyang Rodra angêjawi ||

23. rawuhira anjujuk madyèng palagan | tumulya amanggihi | Prabu Budhawaka | dhinawuhan wangsula | mring Gilingwêsi nagari | lan pinajaran | yèn kang jumênêng aji ||

24. wontên nagri Purwacarita samangkya | Bathara Wisnumurti | sanès Sri Berawa | Sang Prabu Budhawaka | sangêt miduwung ing galih | natab têngara | bidhalkên pra prajurit ||

25. sampun sapih wau ingkang yuda brata | Hyang Rodra mukswa nuli | Prabu NgudhawakaBudhawaka. | tansah gagêtun ing tyas | datan winarna ing margi | kocap wus prapta | ing Gilingwêsi nagri ||

26. nulya sèlèh kaprabon mring mantrimuka | Risang Brahma Kadhali | pinaringan nama | Prabu Kadhali Brahma | jumênêngira [ju...]

--- 189 ---

[...mênêngira] narpati | sangkalèng warsa | boja ngrasa kêkalih ||Sengkalan: boja ngrasa kêkalih (262).

27. Risang Prabu Budhawaka nuli mukswa | dadya jawata malih | kasêbut Hyang Brahma | ya ta kang cinarita | Risang Bathara Sukskadi | myang arènira | nênggih Sang Raksakadi ||

28. sabiyantu sami lolos saking praja | ing rèh rumaos isin | dene kadangira | kang anèm madêg nata | Risang Bathara Sukskadi | suwita marang | Purwacarita nagri ||

29. Gambuh

1. wimbuh merang ing kalbu | Sang Bathara Raksakadi laju | numpal kèli wangsul dhatêng tanah Hindi | solahnya datan winuwus | nahên ta kang cinariyos ||

2. Kaendran duk puniku | kadhawahan cahya mulat nrawung | gya sinidikara mring pra jawatadi | cahya mulat dangu-dangu | dadya widadari kaot ||

3. cacahira pêpitu | juga Dèwi Supraba ranipun | kalihira Dyah Wilutama wêwangi | Dyah Warsiki katrènipun | kapat Surendra sang sinom ||

4. gangsal Dyah Tunjungbiru | Dèwi Gagarmayang kanêmipun | kapitunya nama Dèwi Irim-irim | tumulya sami tinuduh | taya têpung ingkang artos ||

5. ngigêl amidêr têpung |

--- 190 ---

bênawi ing Kaendran puniku | gya tinuduh ngigêl ambêdhaya sami | sinêndhon laguning kidung | pra dewa ingkang tumonton ||

6. kathah kang wismayèku | têgêsipun kasmaran andulu | sruning sêngsêm Bathara Brahma tumuli | andadak netranya satus | mrih pamawase waspaos ||

7. pra dewa sanèsipun | kèh lajêng andadak netra catur | myang tri netra kang nèng pungkuran sawiji | myang anèng julukanipun | kunêng tan lami kacriyos ||

8. pra widadari wau | nuli sami karsa kêthik untu | tan antara lami nuli sami lathi | pamulasing waja jamus | jaha lan tunjung kang dèn go ||

9. datan antara dangu | sami mucang kangge jampi untu | yèku sami karsa mamah jambe nuli | tan antara karsa mangun | ukêling rikma mrih kaot ||

10. ukêl kling ukêl sanggul | ukêl songèr turidan bangkêlung | mogamênggêb prabakeswa patramèri | tunjung mas lamongan gêlung | sapit urang gêlung sakon ||

11. ing Purwacaritèku | katibanan aya têgêsipun | wêsi aji tumulya dipun wastani | ing Sang Budhakrêsna Prabu | tosan padma ing warnelok ||

--- 191 ---

12. yeka lir warnanipun | sêkar padma samana sang prabu | adhêdhawuh mring Sang Bathara Sukskadi | yasa gêgamaning pupuh | nurun ingkang sampun dados ||

13. tuwin nelad kang wangun | sêkar patma tuwin yasa dhuwung | kawan iji dhapur buntala utawi | dhapur sêpang tuwin dhapur | sêpanêr lêrês kang artos ||

14. dene jangkêpnya catur | dhapur urap-urap wastanipun | sakathahing braja tan lami wus dadi | Risang Budhakrêsna Prabu | dahat kacaryan tumonton ||

15. Risang Sukskadi laju | sinungan sih pangkat ajêjuluk | Raja Siptapati ing karya nglurahi | sakathahing para êmpu | datan lami cinariyos ||

16. nulya malih jinunjung | môngka pêpatihira sang prabu | winênangkên musthi pusaraning nagri | nahên ta ingkang winuwus | Sang Brahmana Dhali Katong ||

17. utusan patihipun | Patih Swenda maswèng Sang Aprabu | Budhakrêsna wus tumamèng byantaraji | mangkana nulya umatur | nandukkên lambang pasêmon ||

18. dhuh pukulun sang prabu | amba dinutèng narendra ulun | ing paduka anyuwun sajatining sri | duk myarsa sang nata bêndu | salah tampinirèng batos ||

--- 192 ---

19. dèn nyana arsa nyuwun | Sang Dèwi Sri pramèswari prabu | sira Patih Suwenda tinundhung aglis | sapêngkêring patih wau | Sang Sri Budhawaka Katong ||

20. nuduh ing punggawa gung | Bathara Susena wastanipun | lan Bathara Suksrana kêkalih sami | miranti astraning pupuh | ngrurah Gilingwêsi kraton ||

21. dewa kêkalih wau | Sang Hyang Nioya ingkang sêsunu | Hyang Nioya putranira Sang Hyang Êning | gya budhal sawadyanipun | ing marga tan cinariyos ||

22. lampahing duta sampun | praptèng praja Gilingwêsi laju | marêpêki kutha pinagut ing jurit | sami sura rowang mungsuh | kuwêl kiwul kèh kang layon ||

23. wong Gilingwêsi grêgut | panggah angukuhi prajanipun | siji datan ana kang ngucirèng jurit | mungsuh têmah kapêlayu | kapêlak larut mabonglot ||

24. wangsul mring prajanipun | Sang Sri Budhakrêsna sangêt bêndu | kacarita sêmana krajan kêkalih | satêmah dadya prang agung | lurug-linurugan gêntos ||

25. gantya kasor myang unggul | wadyabala pêrange barubuh | krajan Gilingwêsi pêrange kalindhih | wadyabalanya kèh lampus | Sang Patih

--- 193 ---

Suwenda layon ||Di dalam bait ini ada grafik: Sang Hyang Jagad Nata, kalihan Dèwi Uma, ingkang wontên wingkingipun lêmbu Andini.

26. Brahma Kadhali Prabu | ugi kasambut madyaning pupuh | wong ing Gilingwêsi sisaning kang lalis | sadaya prasami nungkul | mring Sang Budhawaka Katong ||

27. dene jêjulukipun | Brahmanadewa Esa puniku | amanggihi Risang Budhakrêsna Aji | sru dènnya manguwus-uwus | mêlèhkên sisiping batos ||

28. Sri Budhakrêsna klèntu | Prabu Brahma Kadhali yun nyuwun | sêjatining êsri puniku sayêkti | badhe aminta pituduh | jatining ngèlmu karaton ||

29. môngka pan dalihipun | Sang Aprabu Budhakrêsna tuhu | dipun nyana yèn Risang Brahma Kadhali | nyuwun pramèswari prabu | Dyah Sri musthikaning wadon ||

30. sri narendra ing ngriku | myarsa ing pangerang-erangipun | Risang Dewa Esa karasèng ing galih | têmah sangêt wirangipun | tan kampah nulya mukswèng gon ||

31. kondur mring tanah Hindu | sampun wangsul kasêbut Hyang Wisnu | dene nagri Purwacarita anuli | tan wontên kang madêg ratu | kang sumilih ing kaprabon ||

30. Sinom

1. kang pinurwèng roning kamal | nuju sêngkalaning warsi | sukuning gunung sinêmbah |Sengkalan: sukuning gunung sinêmbah (272). Brahmadewa Esa [E...]

--- 194 ---

[...sa] nuli | madêg nata ngrênggani | nèng Gilingaya puniku | de nagri Gilingaya | yèku nagri Gilingwêsi | tilas kratonipun Sang Kadhali Brahma ||

2. jêjuluk Sri Dewa Esa | ya ta tan antara lami | karsa merang kratonira | dhumatêng kang para siwi | myang pangrèhing agami | pra putra gangsal kèhipun | binagi nêm panduman | ingkang saduman sang aji | ingkang gangsal sowang-sowang mring pra putra ||

3. Maharaja Dewa Esa | angratoni para janmi | kang sami agami Brahma | Prabu Iramba ngratoni | kèhing janma ingkang sami |Lebih satu suku kata: kèhing janma kang sami. angangge agami Bayu | Sang Aprabu Iramba | kang agama Wisnu sami | Sri Harnidha janma kang agama Endra ||

4. kang nama Prabu Agina | pra janma kang dèn ratoni | kang nut ing Wisnu agama | Prabu Rukistha ngratoni | sadaya para janmi | kang anut agama Sambu | dene wau prajanya | para putra gangsal maksih | nunggil wontên tlatah prajèng Gilingaya ||

5. ya ta Bathara Nioya | marang Gilingaya nagri | sêsilih Rêsi Wileda | pinangkat dadya pêpatih | nulya Brahmana Radhi | anganglangi wana gunung | gya yasa padhepokan |

--- 195 ---

wontên ing andakaaldaka. tasik | lajêng karsa anganggit dina lêlima ||

6. tuwin môngsa kalih wêlas | nut ngalèr ngiduling rawi | dene wastane kang dina | Lêgi Paing Pon utawi | Wage Kliwon ngrangkêpi | dintên gangsal yasanipun | nguni Sang Ajisaka | ingkang wus kasêbut ngarsi | dene namanipun môngsa kalih wêlas ||

7. kasa karo katri kapat | sapiturutnya dumugi | ing môngsa dhêstha lan sadha | angrangkêpi môngsa pali | kang kangge tanah Hindi | kang ugi panganggitipun | nguni Sang Ajisaka | kang môngsa pali winarni | yeka môngsa kartika saminya kasa ||

8. pusa karo saminira | lamun katêlu manggasri | citra kapat salajêngnya | môngsa mônggakala nuli | kayanaya. palguna tuwin | wisaka jita puniku | srawana padrawana | kalih wêlasnya asuji | gya Bathara Panyarikan angêjawa ||

9. anama Brahmana Srita | brahmana wolu kang ngiring | tumulya anganggit sastra | kunêng mangkya kang winarni | ing Gilingaya nagri | putranira Sang Aprabu | Mahrajadewa Esa | Dyan Pakukuhan wêwangi | tilar praja tinundhung dening ramendra ||

--- 196 ---

10. dene arinya rahadyan | nama Radyan Jakapuring | tumutur linggaring kaka | darunanira sang siwi | tinundhung ing sudarmi | rèh tansah ingayun-ayun | dening sakèhing janma | sinujanan bokmanawi | narpaputra badhe angêndhih karatyan ||

11. radyan kaih mentarira | tambuh kang sinêdyèng galih | kalunta jajah wanarga | manusup drigama wêrit | ya ta ing lami-lami | wau radyan lampahipun | cinarita gya prapta | tasik ngaldaka sumiwi | ing Sang Rêsi Radi nulya puruhita ||

12. radyan kêkalih winulang | ing kaprawiraning jurit | myang ing jaya kawijayan | kocap wus widakda sami | Dyan Pakukuhan nuli | rêraton wontên ing ngriku | saubêngirèng arga | binabad ginatra nagri | datan lama wus purna pakartènira ||

13. prajanya sinungan nama | ing Tasikmadu tumuli | Radyan Jaka Pakukuhan | kambil mantu mring sang rêsi | dhaub lan Dèwi Manis | rahadyan nulya jêjuluk | Sang Prabu Pakukuhan | jumênêngira narpati | tinêngêran bakarakan rajawedha ||

14. gya jêngkar ngalih kêdhatyan | mring Purwacarita nagri | yeka nguni kratonira | Sang Raja Berawa tuwin | Budhakrêsna [Budha...]

--- 197 ---

[...krêsna] Sang Aji | Sri Pakukuhan jêjuluk | Sri MapuguMapunggung. tumulya | wau Radyan Jakapuring | winisudha minôngka mantri wasesa ||

15. para kadang ing garwanya | nulya winisudha sami | dinadosakên punggawa | ya ta tan antara lami | krama malih sang aji | dhaub lawan putrènipun | Risang Bathara Dhêndha | panêngran Sang Dèwi Wakmi | datan lama sang nata gya malih krama ||

16. dhaub lawan putrènira | nênggih Sang Hyang Wrahaspati | Dyah Darmastiti namanya | Brahmana Srita kawarni | lan pangiringnya sami | wau brahmana wawolu | dhatêng Purwacarita | suwita wus dèn tampèni | sanggyanira pinangkat dadya punggawa ||

17. kunêng Raja Dewa Esa | sampun miyarsa pawarti | lamun ing Purwacarita | wontên kang madêg narpati | sang nata datan uning | yèn wau kang madêg ratu | Dyan Jaka Pakukuhan | nulya enggal dèn lurugi | para putra kang dadya manggalaning prang ||

18. bidhal saking prajanira | datan winarna ing margi | prapta ing Purwacarita | samana gya campuh jurit | rame rok silih-ungkih | long-linongan kèh kang lampus | Prabu Isru samana | lan Prabu Arkindha sami | kapêlak ing palagan tumuli mukswa ||

--- 198 ---

19. Sri Tagina Sri Rugistha | nungkul karana ing ratri | antuk sasmita manawa | mêngsahnya tuhu kang rayi | kang tinundhung ing nguni | wong Gilingaya andulu | yèn Sang Prabu Agina | lan Prabu Rugistha sami | asrah jiwa raga nungkul mring mêngsahnya ||

20. nulya rêbut dhucung mlajar | kantun Sang Iramba Aji | dupi myat pra wadyanira | tan ana kang môngga pulih | nulya inggal nututi | wangsul dhatêng prajanipun | marêk ngarsèng sudarma | ngaturkên solahing jurit | Raja Dewa Esa kabranang tyasira ||

21. nulya nêdhaki priyôngga | kêbut pra wadya umiring | amung Sang Prabu Iramba | kang kantun rumêksèng nagri | lan wadya sawatawis | Risang Dewa Esa Prabu | sawadyanya wus prapta | ing Purwacarita nagri | mangsah grêgut sura amêrpêki kitha ||

22. Prabu Sri Mapunggung myarsa | yèn wontên bantu gêng prapti | sanalika datan samar | yèn puniku kang sudarmi | nulya mêthuk ananging | sangêt dènnya sugun-sugun | sawadyanya tan ana | kang sikêp astraning jurit | Prabu Sri Mapunggung tansah atur sêmbah ||

23. kang rama dupi tumingal | sangêt merangirèng galih | nulya mukswa tilar wadya | wangsul dadya

--- 199 ---

dewa malih | wong Gilingaya uning | sirnaning narendranipun | bubar larut sar-saran | wangsul mring nagrinya malih | kawuningan ing Risang Prabu Iramba ||

24. nulya pêpulih ing yuda | wong Gilingaya kinêrig | bidhal ginêlak lampahnya | cinarita sampun prapti | Prabu Iramba nuli | nêrêknêrakkên. kangkankang. wêdyanipunwadyanipun. | nanging datan linawan | Prabu Sri Mapunggung ugi | sugun-sugun lir nguni ingkang sudarma ||

25. nanging Sang Prabu Iramba | tan pisan kandhih kang runtik | riwut rumusak ing mêngsah | singa kang parêk pinatin | mungsuh akèh kang lalis | ya ta Prabu Sri Mapunggung | masang kêmayanira | Prabu Iramba tumuli | kataman ing kamayan salah kadadyan ||

26. kang muka yayah dwipôngga | amawa tlale lan gadhing | sangêt merang nulya mukswa | wangsul dadya dewa malih | samana gya sêsilih | Sang Hyang Ganesa puniku | tuwin Bathara Gana | wadyèng Gilingaya nuli | nungkul dhatêng karajan Purwacarita ||

27. cinarita duk sêmana | Prabu Sri Mapunggung nuli | madêg nata binathara | amêngku satanah Jawi | pra dewa angèstrèni | jêjulukira sang prabu | Sang Maharaja Kanwa | dene kang raka kêkalih | Sang Aprabu Agina [Agi...]

--- 200 ---

[...na] Prabu Rugistha ||

28. sami winisudha dadya | raja pandhita ngratoni | sakathahing para tapa | saha Gilingaya nagri | sinungkên mring sang kalih | inggaling carita sampun | sami mring Gilingaya | kocap nèng ngriku wus lami | nulya sami linggar mring tanah Sumêdhang ||

29. gya amurwèng padhepokan | kawuryan kalangkung asri | dhepoknya Prabu Agina | Ngandong Dhadhapan utawi | Sang Agina sêsilih | Bêgawan Anda puniku | dhepoknya Sri Rugistha | winastan ing Gadhingwukir | lan sêsilih nama Sang Bagawan Rada ||

30. ya ta Sang Aprabu Kanwa | karsa mangun sawarnining | aksara anggitanira | Brahmana Srita ing nguni | tuwin karsa murwani | paramasastra puniku | tan lami nulya karsa | ambabarkên sêkar kawi | winulangkên maring wong Purwacarita ||

31. sang nata gya pinaringan | dening Sang Hyang Surapati | warni tabuhan Surendra | Prabu Kanwa gya mêwahi | warna grantang lan slundhislundhing. | tabuhan Surendra wau | yasanira Hyang Endra | wit dhawuhnya Hyang Pramèsthi | punika kang nama gôngsa Lokanônta ||

32. dènira nama Surendra | puniku kabêkta saking | paringnya Hyang Surapatya | ricikannya gangsal warna |Guru lagu seharusnya 8i, ricikannya gangsal warni.

--- 201 ---

ingkang satunggal gêndhing | kalasôngka myang pamatuk | gangsalipun sauran | klanturipun dèn wastani | gôngsa slendro salugonipun Surendra ||

33. ya ta wau Prabu Kanwa | wus têtêp dènnya bawani | wibawa jumênêng nata | mêngku ing sanungsa Jawi | kocap ing lami-lami | Sang Hyang Narada ingutus | dening Hyang Jagadnata | pinrih mranata agami | kala wêktu puniku sakèhing janma ||

34. caruk wor panganggêpira | tambuh kang dipun ugêmi | mangkana Sang Hyang Narada | nabda hèh Kanwa Narpati | dhawuhnya Hyang Pramèsthi | rèh mangko para janma gung | caruk suh panganggêpnya | mring tatanirèng agami | rawuh ingsun ing kene kinon mranata ||

35. lir kang kasêbut ing sastra | rahayu wong kang ngugêmi | mungkul mring agamanira | pikukuhe rolas warni | pangulu ingkang dhingin | kapindho têtêngêripun | katêlune panêmbah | kapat lakune tumuli | kalimane tapa ping ênêm riaya ||

36. kapitu laranganira | kawolu wawênang tuwin | kasanga pêpalènira | kasêpuluhira kaki | paliyasane nuli | sawêlas panglayonipun | dene ganêpe rolas |

--- 202 ---

pamulyane poma kaki | parentahna mangkene wijang-wijangnya ||