Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121 (Pupuh 31-38)

Katalog:Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121
Sambung:
1.Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121 (Pupuh 01-14). Bahasa dan Budaya | Wayang #1231.
2.Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121 (Pupuh 15-30). Bahasa dan Budaya | Wayang #1232.
3.Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121 (Pupuh 31-38). Bahasa dan Budaya | Wayang #1233.

31. Asmaradana

1. para wadyanta kang brangti | anut ing pranatanira | agamane Sang Hyang Sambo | pangulonira agama | aranana pramana | sewa sogatane sagung | padha anganggoa tôndha ||

2. walang taga kang kinardi | saka ing barang musthika | dèn anggo abate-bate | panêmbahe marang arca | lakune têpa-têpa | dene tapane yèn nuju | môngsa kapitu angrapa ||

3. ing môngsa kapat tan kêni | mêmangan kang sarwa bungkah | sarwa asin riayane | kang kadi laranganira | ngrabèni prênah tuwa | bibi kadang plunan putu | kang saka lêluri lanang ||

4. wus dene angrusak candhi | misesa manuk utawa | pitik iwèn kang lagyandon | mangan iwak ati sarta | amanganggo dandanan | ingkang saka wêsi iku | kabèh padha linarangan ||

5. wawênange kêna rabi | dhaub lawan prênah tuwa | nini bibi saka wadon | prênah kadang putu plunan | lan iwak ati wênang | pinangan manawa iku | kinarya usada roga ||

6. amanganggo sarwa wêsi | wênang yèn ginawe srana |

--- 203 ---

utawa wênang wong wadon | belani pati priyanya | priyane uga wênang | ambelani rabènipun | lan wong lanang wênang têtak ||

7. kang tan belani ing rabi | lan wong wadon wênang sunat | kang tan belani priyane | wênang cinukur wanita | nanging duk lairira | yèn alaki rabi iku | baladho pêpalinira ||

8. pangantèn lanang nglangkahi | irus ilir myang kukusan | tuwin cêthing munthu enthong | dene pangantène kênya | garu kang linangkahan | waluku utawa pacul | mênawa tumêkèng lena ||

9. paliyasane dèn dusi | ing landhane mêrang kêtan | srana utawa mulyane | pinêndhêm panglayonira | para wadyabalanta | kang padha sêngsêm mituhu | tataning agama Brahma ||

10. ingkang minôngka pangarsi | yèku arana brahmana | saha sewasogatane | padha anganggoa tôndha | aran ekal trisula | saka tambaga winangun | sun trisula dèn anggo jamang ||Lebih satu suku kata: trisula dèn anggo jamang.

11. panêmbahe marang agni | lawan anêmbah ing surya | santosa iku lakune | tapane yèn môngsa sitra | ywa mangan gêgodhongan | yèn [yè...]

--- 204 ---

[...n] môngsa srawana iku | tan kêna tumêngèng wiyat ||

12. riayane sarwa manis | larangane ora kêna | angrabi pêrnah ninèkne | lawan uwa bibi ingkang | saka lêluri lanang | lan ora kêna angganggu | marang wiji têtuwuhan ||

13. sabarang wiji kang lagi | thukul tan kêna pinapas | tuwin linarangan manèh | tan kêna matèni brama | lan manèh ora kêna | mêmangan daginging lêmbu | lawan manèh linarangan ||

14. mênganggo timah tan kêni | dene wawênange kêna | ngrabèni prênah ninèkne | lawan uwa bibi ingkang | saka wadon lurinya | lan wênang ngrabèni iku | kadang utawa pulunan ||

15. saka ing lêluri èstri | lan wênang ngrabèni anak | apa inyaning gurune | wênang yèn mangana iwak | sapi nanging manawa | ana panêdya kang prêlu | kinarya usadèng roga ||

16. wênang nganggo timah nanging | manawa kinarya srana | lan manèh wênang wong wadon | bela ing priya pralaya | dene priya tan wênang | belani ing rabi iku | wadon wênang dèn cukura ||

17. nanging yèn wus luwas gêtih | lan manèh wong wadon wênang | dèn sunati apadene | priya [pri...]

--- 205 ---

[...ya] wênang tinêtakan | yèn nora darbe kadang | kang untang-anting puniku | wondene pêpalinira ||

18. kalamun alaki rabi | nganggo sarana badhudhak | para warganing pangantèn | wadon lan pangantèn priya | padha alangên taya | jêjogedan têgêsipun | dene kasampurnanira ||

19. yèn praptaning don ngêmasi | binêsmi ponang susawa | lan manèh paliyasane | yèn wus trang sirnaning nyawa | tumuli layonira | sinucèn dinusan iku | lan banyu godhong dalima ||

20. yèn mêmulya mring kang mati | srana saking ngalap opah | bêburuh ing sapadhane | he Kanwa wadyabalanta | ingkang agama Endra | pangulune agamèku | sinunga aran Sakrana ||

21. pangulu myang saananing | sewa sugata nganggoa | ekal bajra têtêngêre | puniku galihing wrêksa | ingkang winangun bajra | dèn anggoa sôngga gêlung | panêmbahe marang arga ||

22. kalawan marang sutèngsi | lakune rila narima | dene kang dadi tapane | yèn nuju ing môngsa naya | tan kêna ngêmban bocah | yèn môngsa asuji iku | nora kêna asanggama ||

--- 206 ---

23. yèku kadang ingkang saking | uruting lêluri lanang | sarta linarangan manèh | tan kêna mangan antiga | aywa misaya mina | kang lagi koyok puniku | lan nora kêna bêbuwang ||

24. sêsukêr ana ing bumi | tan kêna matèni gajah | lawan tan kêna mênganggo | barang kang saking têmbaga | dene wawênangira | kêna angrabèni iku | kadang kang saka wanita ||

25. lan manèh wênang ngrabèni | ingkang kaprênah pulunan | utawa prênah putune | lêluri priya wanita | wênang mangan antiga | yèn ana pamrih kang prêlu | kaya ta ginawe tômba ||

26. sabanjure wênang malih | mênganggo barang têmbaga | lamun ana panêdyane | kang prêlu kinarya srana | lawan wênang wanita | kalamun kêdhi cinukur | lan manèh wong wadon wênang ||

27. bela ing priya yèn lalis | yèn katêmu jaka lara | wong lanang uga mangkono | wênang belani rabinya | yèn bojo jaka lara | lan ana manèh hèh kulup | sagunging para wanita ||

28. wênang padha dèn sunati | yèn arsa dadi pangantyan | lan ana wawênang manèh | wong lanang dèn têtakana | yèn nêmbe lairira | kang sarta [sar...]

--- 207 ---

[...ta] sutaning dhukun | wondene pêpalinira ||

29. yèn padha alaki rabi | nganggoa sarat sarana | sistrènsintrèn. lan ènjèr têgêse | para warganing pangantyan | wadon lawan kang lanang | puniku padha prang catur | anandukakên pralambang ||

30. sasmita sugatèng tami | yèn tumêka ing pralaya | kasampurnaning layone | iku pinêtak utawa | linuwêng têgêsira | basa pinêtak puniku | pinêndhêm ana ing kisma ||

31. têgêse linuwêng kaki | pinanjingkên ing jro guwa | utawa pinanjingake | ing jurang sêrung utawa | dèn yasakna luwêngan | dene paliyasanipun | kang layon dèn sucènana ||

32. dinusan ing banyu lêri | wondene lamun mêmulya | urup-urupan sranane | he Kanwa wadyabalanta | kang agama Kesawa | pangulune agamèku | sinunga aran Ramana ||

33. sasewasugata kaki | nganggoa têtêngêr enggal | kalacakra kang ginawe | isi siwalan kang tuwa | kêling iku arannya | rineka kinarya wangun | saestha sanjata cakra ||

34. dèn goa bêbadhong sami | panêmbahe [panêmbah...]

--- 208 ---

[...e] marang tirta | lan mring udan astutine | lakune iku nuraga | tapane yèn ing môngsa | jêr ta nyirik daging wêdhus | yèn nuju manggasri môngsa ||

35. aywa mangan iwak babi | sarwa gurih riayanya | wondene lêlarangane | angrabèni kang kaprênah | nini bibi lan uwa | kang saka lêluri jalu | lawan manèh linarangan ||

36. nora kêna angrabèni | ing wadon sutaning inya | lan manèh lêlarangane | tan kêna matèni kewan | kang lagi asanggama | garudha lawan ambunuh | ing waraha lawan kuda ||

37. pênyu bulus lan suwari | nora kêna mangan ingkang | ngêndêmi utawa ngombe | nganggo parunggu tan kêna | dene wawênangira | kêna angrabèni iku | prênah nini bibi uwa ||

38. kang saka lêluri èstri | kêna rabi prênah kadang | plunan utawa putune | sing lêluri èstri priya | wênang angrabènana | ing wadon sutaning guru | wênang mangan lan nginuma ||

39. sêbarang kang angêndêmi | nanging yèn ginawe tômba | lan manèh wênang anganggo | prunggu yèn ginawe srana | lawan wadon kang lagya | lara awênang cinukur | lan manèh wong wadon wênang ||

40. bela [be...]

--- 209 ---

[...la] ing priya alalis | krana mati ing payudan | dene manawa patine | tan karana saking aprang | amung kapati brata | têgêse brata puniku | tan laki salawasira ||

32. Dhandhanggula

1. Hyang Naradha malih nabda manis | sabanjure awênang wanita | dèn sunati apadene | para priya sawêgung | tinêtakan nanging pripra. èstri | yèn sutaning wong edan | de pêpalinipun | yèn laki rabi nganggoa | kêmbar mayang sadrahan gunungan tuwin | wong tuwaning pangantyan ||

2. lanang wadon mangana sawiji | gêdhang pinangan satugêl sewang | lamun tumêkèng patine | lêlayone linarung | ing bangawan utawa kali | dene paliyasannya | sinucèn puniku | dinusan ing banyu kêmbang | yèn mêmulya saranane kang kinardi | barang saking papriman ||

3. hèh Sri Kanwa wadyanta sakalir | ingkang padha nganggo tatanira | Sang Hyang Bayu agamane | kang minôngka pangulu | ingarana Bimana kaki | sasewasugatanya | kabèh bae kudu | padha anganggoa tôndha | ekal pasu walulang rineka kadi | pusêring sato kewan ||

4. dèn go pupuk panêmbahe maring |

--- 210 ---

arah ngêndi sangkaning maruta | lan marang carat-taune | lan marang susup-susup | de lakune ngaksama maring | sapadhaning tumitah | tapane puniku | yèn anuju môngsa pusa | nora kêna mêmangan daginging sapi | lan manèh linarangan ||

5. yèn ing môngsa wisaka tan kêni | yèn mangana ing kewan sikil pat | sarwa kêcut riayane | manèh laranganipun | nora kêna yèn angrabèni | kaprênah nini tuwa | bibi plunan putu | saka ing lêluri lanang | myang wanita lan ora kêna ngrabèni | wadon sutaning inya ||

6. lan sutaning guru nora kêni | lawan manèh nora kêna munah | sato kewan sapadhane | kang lagi asêsunu | lawan manèh pan nora kêni | iwak wadêr pinangan | lan tan kêna lamun | abêborèh burat sêkar | lan ngêthoki kuku lan manèh tan kêni | nganggo kang sarwa slaka ||

7. lawan nora kêna amatèni | calarat myang têkèk tuwin cêcak | kêmôngga aywa pinatèn | dene wawênangipun | kêna lamun angambil rabi | wadon kaprênah kadang | sing lêluri jalu | saka wadon kêna uga | wênang mangan wadêr yèn kinarya [ki...]

--- 211 ---

[...narya] jampi | wênang nganggo salaka ||

8. utawa anganggo buratsari | nanging lamun ginawe sarana | lan ana kang wênang manèh | wadon wênang cinukur | lamun rôndha anyar lan malih | wong lanang iku wênang | tinêtakan lamun | dadi pangulu agama | pêpaline yèn padha alaki rabi | anganggoa batoyang ||

9. basa batoyang têgêse kaki | yèn pangantèn lanang sêdhêng ngarak | para warganing pangantèn | wadon puniku kudu | anganggoa warana dhing-dhing | ngadhangi anèng marga | yèn marana rubuh | sida ing pangarakira | lamun nora rubuh kudu dèn balèni | lyan ari pangaraknya ||

10. dene lamun tumêka ing pati | layone kang setra têgêsira | puniku kadunungake | ngara-ara myang gunung | salah siji kang dèn sênêngi | ingkang pancèn wus dadya | panggonan puniku | pasetran janma pralaya | paliyasanira kang layon dèn dusi | kalawan banyu udan ||

11. yèn mêmulya srana kang kinardi | iku barang saking ambêbarang | he Kanwa dyan ta kabèh |Kurang satu suku kata: he Kanwa wadyanta kabèh. ingkang anganggo laku | tatacara rèhing agami | manut Bathara Kala | kamôngka pangulu |

--- 212 ---

sinunga aran kalana | lan sasewasugata nganggoa ciri | ekal purusa lingga ||

12. yèku ingkang asal saking gadhing | utawa bêbalung kang rineka | lir palanangan wangune | dèn anggoa kêkalung | dununging kang pudya astuti | mring kang aèng sêbarang | kaya banyu watu | mangkono sapadhanira | mungguh tingkah kalakuane wirangi | dene sutapanira ||

13. yèn ing môngsa manggakala kaki | nora kêna nginêp yèn lêlungan | lamun anuju mangsane | padrawana puniku | nora kêna mangan kang asin | tan kêna mangan uyah | ariayanipun | sarwa pêdhês kang pinangan | larangane nora kêna angrabèni | sanak kang prênah tuwa ||

14. lawan nora kêna angrabèni | anak inya lawan nora kêna | ngrabèni sutèng gurune | lan nora kêna lamun | seje bôngsa ingalap rabi | lire bôngsa bramana | nora kêna iku | ngrabèni bôngsa waiswa | sapadhane lawan manèh nora kêni | yèn ambubaka kisma ||

15. lêmah ingkang ambana bathari | utawa kang amandhukul lêmah | anggigir sapi wangune | nora kêna ambunuh | sona klabang myang

--- 213 ---

kalajêngking | katonggèng miwah sarpa | sapadhane iku | kewan kang amawa wisa | bab mêmangan ora kêna mangan krambil | tan kêna nganggo êmas ||

16. wawênange kêna angrabèni | sanak ingkang kaprênah taruna | lawan kang tunggal bangsane | bôngsa bramana iku | wênang ngalap kinarya rabi | wadon bôngsa bramana | bôngsa satriya nung | angalap bôngsa satriya | myang waiswa padha waiswa ingambil | sudra lan bôngsa sudra ||

17. bôngsa danuja wênang angambil | rabi wadon kang bôngsa danuja | yèn danèswara wênange | padha danèswarèku | yèn raksasa padha raksasi | wênang mangan kalapa | lamun ana prêlu | ginawe usadèng roga | wênang nganggo êmas manawa kinardi | prêlu dèn go sarana ||

18. pêpaline yèn alaki rabi | nganggoa galêmpêng têgêsira | para warganing pêngantèn | lanang padha agêlut | lan wargane pangantèn èstri | yèn salah siji kalah | dhinêndha puniku | lan ing nalikanya pangarak |Lebih satu suku kata: lan nalikanya pangarak. ing pangantèn pan kudu dèn saranani | nganggo edan-edanan ||

19. kasampurnanira lamun mati | layon tinarapkên sato galak |

--- 214 ---

têgêse dèn pakakake | ing sato galak iku | palyasing kang layon dèn dusi | banyu godhong widara | de mêmulyanipun | sarana barang dènira | laku dhustha he Kanwa poma dèn eling | tatanirèng agama ||

20. ênêm mau êndi kang pinilih | dadi sênênging wadyabalanta | padha dhawuhana kabèh | ngèstokkên dhawuh ingsun | kadi kang wus sira tampani | sapa tan nêtêpana | ing satatanipun | cara-caraning agama | pêsthi antuk sapudhêndhaning dewa di | beda-beda dhêndhanya ||

21. yèn wong agama Sambo nampani | sapudhêndhaning dewa linuwah | lamun Kala agamane | ingobong siksanipun | yèn agama Endra nampani | linuwêng siksanira | yèn agama Wisnu | sapudhêndhaning jawata | linabuha bangawan utawa kali | yèn Bayu agamanya ||

22. pan tinarang siksaning dewadi | yèn wong agama Kala tinarab | têlas Hyang Nradha sabdane | sadaya dhawuh sampun | tinampenan ing sri bupati | prabu matur sandika | Hyang Naradha sampun | muksa saking ngarsa nata | Prabu Kano nulya andhawuhkên [andhawuh...]

--- 215 ---

[...kên] maring | sadaya para wadya ||

23. dhinawuhan kinèn anêtêpi | ing agama Buda nêm prakara | lir Hyang Naradha dhawuhe | sadaya wadya sampun | anampèni dhawuh narpati | samya matur sandika | praptèng dhusun-dhusun | tan ana kang kaliwatan | malah-malah warata satlatahing |Kurang satu suku kata: malah-malah warata satalatahing. nuswa Jawi sadaya ||

24. yèku pulo Sumatra myang Bali | lan Madura kaetang talatah | nuswa Jawi sadayane | ri wusing tampi dhawuh | aturira sandika sami | ngèstokkên dhawuh nata | samangkana sampun | sadaya kang para wadya | sowang-sowang nêtêpi rèhing agami | Buda kang nêm prakara ||

25. ing nalika waradin agami | nêm prakara nulya amêmatah | ing satanah Jawa kabèh | agami nênêm wau | para janma samya mastani | agama pakukuhan | kabêkta witipun | agama pangrèhing nata | Prabu Kano pêparapira sang aji | Sang Prabu Pakukuhan ||

26. waktu iku ingkang amurwani | marma pangantèn ing tanah Jawa | mawarna tatacarane | kadi kang wus kalaku | tumêkaning jaman samangkin | pangantèn mawi patah | ing salajêngipun | kêmbar mayang myang sasrahan |

--- 216 ---

mawi edan-edanan sawênèh mawi | suka-suka badhudan ||

27. wontên ingkang srana anglangkahi | garu waluku caraning desa | saha warganing pangantèn | mawi bêksan puniku | tan lyan awit kabêkta saking | nut lampahing agama | nêm prakawis wau | ananging panganggenira | duk samana samya anut pranataning | agamane priyôngga ||

28. kados ta kang mawi patah tuwin | kêmbar mayang myang mawi sasrahan | amung tumrap ing atase | tiyang agama Wisnu | kang sawênèh wontên kang mawi | reyog tuwin barongan | myang salajêngipun | wontên mawi gêndruwonan | miwah edan-edanan muhung tumraping | tiyang agama Kala ||

29. wontên malih pangantèn kang mawi | ôndrawina babêksan nayuban | kulawarganing pangantèn | jalu èstri puniku | amung tumrap tiyang agami | manut Bathara Brama | kang nglangkahi garu | lir kang wus kasêbut ngarsa | amung tumrap tiyang kang samya manut ing | Hyang Sambo agamanya ||

30. lami-lami patraping mêwahi | rarênggan kang sayugya kawuryan | tiru-tiru têmahane | kagêm ing para ratu | myang pra janma ing nuswa Jawi | katêlah prastèngpraptèng.

--- 217 ---

makyamangkya. | saha waktu iku | murwani para pangarsa | pamarentahing agama dèn wastani | pangulu prawtèngpraptèng. mangkya ||

33. Pocung

1. kang pinocung nata wus kondur ngêdhatun | mangkya cinarita | sajroning kukila warsi | etangira ing taun surya sangkala ||

2. tigang atus pitulas angkaning taun | tinêngran pandhita | tunggal kawruh pangetanging |Sengkalan: pandhita tunggal kawruh (217). taun côndra sangkala angkaning warsa ||

3. tigang atus nêmlikur tinêngran iku | pan karêngèng karna | wedhaning wiyat marêngi |Sengkalan: karêngèng karna wedhaning wiyat (222). salêbêting môngsa kartika samana ||

4. Sang Aprabu Kano siniwèng wadya gung | anèng panangkilan | ri sêdhêng ingayab dening | kèhing kutu-kutu wong alang têtaga ||

5. glar supênuh yayah robing samudra gung | pra wadya manungsa | busananira mawarni | ingkang sarwa rukma rinênggèng sêsotya ||

6. ting pêlancur ujwalaning rêtna gumyur | sumrawung sumirat | mirut Hyang Pratônggapati | yayah kadi karatoning tejamaya ||

7. panjang lamun cinatur têmah nglêlantur | nahên ta samana | wahyaning sabda narpati | andikakkên kanyataaning supênan ||

8. wit sang prabu duk maksih jaka rumuhun |

--- 218 ---

wus nate supêna | jumênêng ratu ngratoni | isining rat mangke têka kalampahan ||

9. wit puniku panggalihira sang prabu | supênan punika | kêni pinarcaya yêkti | para wadya sadaya mangayubagya ||

10. marang dhawuh pangandikanya sang prabu | mung ratuning landhak | sumêngka matur mastani | yèn supênan punika sayêkti dora ||

11. wit rumuhun kala maksih alit ulun | wus nate jro nendra | asupêna dadya èsthi | mokal lamun yêkti tyang dadya dwipôngga ||

12. Sang Aprabu Kano pangandikanipun | hèh ratuning landhak | tan goroh impènmu yêkti | mêngko sira wus kanyatan dadi gajah ||

13. wit sirèku wus kalakon dadi ratu | mungguhing sasmita | surasane dadi èsthi | gajah iku awak-awaking narendra ||

14. duk puniku landhak kèndêl tan umatur | nanging batinira | tansah mastani yèn kidib | nulya jêngkar sang nata kondur ngadhatyan ||

15. sanès waktu landhak sowan sang aprabu | anèng ngarsa nata | makidhupuh matur aris | dhuh sang prabu milamba sowan ngarsendra ||

16. kang rumuhun dasih dahat anênuwun | agunging [a...]

--- 219 ---

[...gunging] samodra | kasudarman sri bupati | lumubèra ing dasih kang dahat sudra ||

17. dene purun sumêngka matur sang prabu | kalawan prasaja | nir subasitaning dasih | ing narendra dahat minta pangaksama ||

18. duk ing wau ratri sêdhêng nendra ulun | dahat anglêngkara | ing nala datan pinanggih | asupêna kawula jumênêng nata ||

19. ratu agung tur binathara amêngku | ing rat nuswa Jawa | gêntosi paduka aji | mênggah wontênipun supênan kawula ||

20. kang kadyèku punapa badhe satuhu | yèn kalampahana | kawula sagêd gêntosi | ing paduka madêk ratu binathara ||

21. Sang Aprabu Kano duk miyarsèng wuwus | aturipun landhak | wêkasan ngandika aris | sung gumujêng hèh sira ratuning landhak ||

22. saaturmu iku anglêngkara tuhu | dene sira landhak | yèn bisa amadêk aji | angratoni manungsa tur binathara ||

23. landhak matur yèn makatên sang aprabu | supênan kawula | kang sampun katur sang aji | andupara dados sadaya supênan ||

24. lêrês atur amba tan kenging kagugu | dora kaanannya | krana witing dora saking | andupara [a...]

--- 220 ---

[...ndupara] sang nata gumujêng suka ||

25. sang aprabu nulya angandika arum | hèh ratuning landhak | satêdhak turunmu benjing | padha sinung undhagi pikir elingan ||

26. landhak matur nuwun sarwi awotsantun | prabu malih nabda | sapa yun undhagi pikir | lan elingan mangana atining landhak ||

27. sang aprabu têlas pangandikanipun | gya kondur ngadhatyan | jroning pramaduda warsi | etangira kang taun surya sangkala ||

28. tigang atus lan wolulas angkanipun | èsthining narendra | malêtik têngraning warsi |Sengkalan: èsthining narendra malêtik (318). pangetange ing taun côndra sangkala ||

29. tigang atus pitu likur angkanipun | tinêngran pandhita | paksa guna amarêngi |Sengkalan: pandhita paksa guna (327). môngsa sitra kacarita duk samana ||

30. Mahaprabu Kano karsa amêmangun | warnining aksara | pakartinira ing nguni | sêsinglone Sang Bathara Panyarikan ||

31. kang kasêbut Brahmana Srita puniku | malih kang carita | jroning taun pasutpadi | etangira ing taun surya sangkala ||

32. tigang atus sangalas tinêngran iku | trusing kang sujanma | katon kombul kaetanging |Sengkalan: trusing kang sujanma katon kombul (0219). taun

--- 221 ---

côndra sangkala angkaning warsa ||

33. tigang atus langkungira wolu likur | tinêngran brahmana | adhêsthi guna marêngi |Sengkalan: brahmana adhêsthi guna (328). môngsa sitra wau Sang Brahmana Srita ||

34. wit sang prabu kaparênging karsanipun | kinèn ambabarna | pangulah paramèng tulis | dupi praptanira ing taun agila ||

35. etangipun surya sangkalaning taun | tigang atus lawan | dwi dasa angkaning warsi | pangetange tinêngran tanpa sikara ||

36. kawruh muluk wondene pangetangipun |Sengkalan: tanpa sikara kawruh (320). mamèt taun côndra | sangkala têngraning warsi | trus pan dhêsthi katon ing doh duk samana ||Sengkalan: trus pan dhêsthi katon (329).

37. môngsa nuju manggasri mangkya winuwus | Sang Brahmana Srita | mêdharkên pangulah gêndhing | yeka sêkar kawi wit karsa narendra ||

38. Sang Aprabu Kano nulya adhêdhawuh | marang wadyabala | tuwin pra pangagêng sami | kinèn nglimrahakên panganggening sastra ||

39. tuwin lagunira sêkar kawi wau | kadhawuhna marang | tlatahnya sawiji-wiji | wit punika purwanipun wontên sastra ||

40. tuwin lagu sêkar kawi anggitipun | Sang Brahmana Srita | kang sampun winangun dening | Prabu Kano sumêbar satanah Jawa ||

--- 222 ---

41. praptanipun Sumatra Bali puniku | tuwin ing Madura | kunêng sajroning nêm warsi | sêpên datan wontên ingkang cinarita ||

42. dupi sampun dungkap praptèng pitung taun | malih kacarita | jroning wakdaniya warsi | etangira ing taun surya sangkala ||

43. angkanipun tigang atus lan nêmlikur | apan tinêngêran | sêngkalèng warsa karna tri |Sengkalan: warsa karna tri (326). kaetang ing warsa mèt côndra sangkala ||

44. tigang atus tri dasa nêm têngranipun | pan karêngèng guna | katon muluk amarêngi | salêbêting môngsa palguna samana ||

45. sang aprabu karawuhan dutanipun | Hyang Bathara Endra | gatining karya tinuding | matêdhakkên tabuhan nama Surendra ||

46. mring Sang Prabu Kano tabuhan puniku | dumugining jaman | samangke kang dèn wastani | gôngsa slendro sang nata kalangkung suka ||

47. sarta sukur ing dewa umatur nuwun | tan antara lama | nulya winêwahan malih | kalih ingkang satunggal salundhing rannya ||

48. yèku kêmpul kalihe garantagarantang. iku | kang winastan gambang | kaprah ing jaman samangkin | gya kadhawuhakên mring pra wadyabala ||

49. saha prabu dhêdhawuh [dhêdha...]

--- 223 ---

[...wuh] maring sawêgung | para wadyabala | kinèn samia akardi | anênulad saking paringing jawata ||

50. duk puniku tanah Jawi wontênipun | tabuhan Surendra | kangge ing satanah Jawi | dupi prapta ing antara salin warsa ||

34. Sinom

1. gantya sêkar roning kamal | sajroning taun pramadi | etange surya sangkala | tri atus angkaning warsi | lan pitu likur nguni | tinêngran sangkalanipun | karêngèng karna guna |Sengkalan: karêngèng karna guna (322). malêtik etanging warsi | taun côndra sangkala pangetangira ||

2. tri atus tri dasa sapta | sinung têngran gora katri | katon ing tawang samana |Sengkalan: gora katri katon (337). môngsa wisaka marêngi | kacarita sang aji | kaparênging karsa prabu | nganggit gêndhing gêng sarta | babarkên mamrih waradin | gya dhawuhkên satanah Jawi sadaya ||

3. punika kamulanira | wontêne ing nuswa Jawi | gêndhing agêng duk samana | dupi praptanirèng warsi | wikrama dèn têngêri | kang warna naga kacaksuh | ing sèluman punika | surya sangkala etanging | ôngka tigang atus lan dwi dasa astha ||

4. ing taun côndra sangkala | tri atus angkaning warsi | lawan tigang dasa astha | tinêngran [tinêngra...]

--- 224 ---

[...n] madyèng rana tri | samana amarêngi | manggakala mangsanipun | sang sri maha narendra | kaparênging karsa kardi | têtabuhan minôngka têtêngêring prang ||

5. nulada tabuhaning prang | ing tanah Asiah tuwin | ing tanah Yahudi miwah | tanah Hindhu dèn wastani | mardangga ricikaning | tabuhan winastan iku | kala puniku kêndhang | lan soka gong wontên malih | rêricikan nênggih winastanan gubar ||

6. kadya bêndhe wujudira | ananging gubar tan mawi | pêncu waradin kewala | lan wontên malih bairi | sairib kadya bèri | mawi lingir pinggiripun | lan puksur wujudira | sairib têrbang utawi | mèmpêr tambur yèn ngungêlakên punika ||

7. kajêng kang môngka tabuhnya | wontên malih dèn wastani | gurni lir kênong punika | ananging mawi têtali | yèn ngungêlakên kadi | bêndhe sarana ginantung | wontên malih winastan | thongthong wujudnya sairib | kadi kêndhang nanging kalonthonganira ||

8. parunggu ingkang kinarya | yèn ngungêlakên puniki | tabuh kajêng kang kinarya | wontên malih winastan grit | wujudipun sairib | têrbang ananging puniku | yèn ngungêlakên [ngungêlakê...]

--- 225 ---

[...n] lawan | tabuh kajêng kang kinardi | wontên malih têtêg wastane punika ||

9. sairib bêdhug wujudnya | wontên malih dèn wastani | maguru gôngsa wujudnya | sairib kêmodhong nanging | punika datan mawi | pêlangkan lamun pinukul | mung ginantung kewala | punika ingkang murwani | wontênipun tabuhan têngaraning prang ||

10. kaangge ing tanah Jawa | lajêng kagêm pra narpati | duk ing jaman kina-kina | kunêng praptanirèng warsi | taun wila etanging | surya sangkala tri atus | sanga likur angkanya | tinêngêran trustha kalih | uninga ing kamukswan pangetangira ||Sengkalan: trustha kalih uninga (329).

11. ing taun côndra sangkala | tri atus angkaning warsi | lawan tigang dasa sanga | tinêngran gapura kèksi | murub môngsa marêngi |Sengkalan: gapura kèksi murub (329). srawana mangkya winuwus | Prabu Kano putranya | kang nama Dèwi Srigati | murca saking jro pura tanpa karana ||

12. mung pinèt glising carita | murcanira sang sudèwi | dhinustha ing raja ditya | Prabu Karungkala nami | ing Pidana nagari | tan cinatur laminipun | sang rêtna wus kapanggya | sayêmbaraning narpati | Radyan Sêngkan ingkang angêntasi karya ||

13. kaparênging karsa nata | putrindra Dèwi Srigati |

--- 226 ---

katarimakakên marang | Radyan Sêngkan tan kawarni | pambojakramèn aji | nênggih pamiwahanipun | mring pangantèn kalihnya | dupi praptanirèng warsi | sitra panu etanging surya sangkala ||

14. ôngka tigang atus lawan | tigang dasa dèn têngêri | datanpa guna tri mukswa | côndra sangkalaning warsi | barakan warna kèksi | angkanira tigang atus | langkungnya kawan dasa | mangsanira amarêngi | manggakala kacarita duk samana ||

15. lêlakoning marcapada | titah mung darma nglakoni | atas pangrèhing jawata | kabèh kang tumitah urip | tan kawasa ngoncati | padha ginantungan iku | bêja lawan cilaka | cukasuka. sungkawa wus pasthi | sudra luhur nadyan narendra tan beda ||

16. nahên ta kang kacarita | wau Radyan Sêngkan anis | pinulung dening jawata | sang nata sungkawèng galih | tuwin Sang Dyah Srigati | tambuh saraosing kalbu | wit kapêgatan trêsna | saciptèng tyas yayah kadi | tumuturing mring ngêndi dununging paran ||

17. tanpa wus yèn winuwusa | sungkawanira sang dèwi | lan rama sri naranata | nahên ta mangke kawarni | sawusnya sri bupati | suda sungkawaning [sungkawa...]

--- 227 ---

[...ning] kalbu | wus lipur sawatara | pinupus yèn wus pinêsthi | ing jawata sapa bisa ngowahana ||

18. mangkya karsaning narendra | Sang Rêtna Dèwi Srigati | tinarimakkên mring Radyan | Turunan arinya yêkti | lan Radèn Sêngkan nguni | karsendra angarangulu | dupi praptaning môngsa | asuji Sang Dyah Srigati | dhinaubkên kalawan Radèn Turunan ||

19. praptaning supanu warsa | surya sangkala winilis | tigang atus tigang dasa | lan satunggal dèn têngêri | surèng rana kaèksi | gêgana pangetangipun | taun côndra sangkala | ôngka tigang atus tuwin | kawan dasa satunggal sinungan têngran ||

20. tunggal warnaning kagunan | marêngi môngsa manggasri | kacariyos sri narendra | karsa mangsah ing ajurit | nglawan mêngsah dityaji | ing Pidana kang kasêbut | nama Sri Karungkala | awit sri narendra maksih | ngêmu duka mring sira sang yêksadipa ||

21. dènnya kumapurun dhustha | ing putra Dèwi Srigati | sawusing sarwa samapta | sakapraboning ajurit | gya têdhak sri bupati | kadhèrèkakên sawêgung | wadya tanpa wilangan | datan kawarna ing margi | sapraptaning Pidana gya campuh ing

--- 228 ---

prang ||

22. rame samya long-linongan | wêkasan sang dityapati | sawadyabala tumpêsan | sasisane kang ngêmasi | lumayu ngungsi urip | kunêng wus datan kawuwus | ing Pidana punika | dumunung ing nuswa Jawi | sisih kilèn kang mangke nama Sumatra ||

23. anuju ing môngsa sitra | kondurira sri bupati | saking nagari Pidana | sarawuhira ing nagri | mung sawatara ari | malih atindak sang prabu | marang ing Gilingaya | tanah Priyangan karsaji | Gilingaya pan arsa winangun kitha ||

24. pinindha Purwacarita | kunêng praptanirèng warsi | taruna surya sangkala | ôngka tigang atus tuwin | tigang dasa lan kalih | pangetangira puniku | tinêngran karo guna | katon maksih pangetanging | taun côndra sangkala angkaning warsa ||

25. tigang atus kawan dasa | langkung kalih dèn têngêri | kêmarkêmbar. sukci katon tawang | mangsanira amarêngi | padrawana kinardi | atindak sri mahaprabu | dhatêng Ngandong Dhadhapan | gatining karsa ngèstrèni | mukswanira ingkang raka sakalihan ||

26. samuksanipun bagawan | kalih Dyah Brahmanaradi | ingkang kinèn gumantia | ing bagawan kang wus anis | wus mangkana [mang...]

--- 229 ---

[...kana] sang aji | kacarita lajêng kundur | jroning taun partisa | surya sangkala winilis | ôngka tigang atus tigang dasa tiga ||

27. tinêngran urubing guna | katingalan pangetanging |Sengkalan: urubing guna katingalan (333). kang warsa côndra sangkala | tri atus angkaning warsi | kawan dasa lawan tri | tinêngran etanging taun | katon sukcining brama |Sengkalan: katon sukcining brama (343). ing môngsa sitra marêngi | kacarita kabuyutan ing Maera ||

28. tanah Bantên kang winastan | ing rêdi Anyar samangkin | ingupakara kinarya | winangun cêcandhi dening | Risang Brahmanaradi | jroning warsa siti taun | surya sangkala warsa | ôngka tigang atus tuwin | tigang dasa langkung gangsal tinêngêran ||

29. pônca guna tri barakan |Sengkalan: pônca guna tri barakan (0335). côndra sangkalaning warsi | tigang atus kawan dasa | langkung gangsal dèn têngêri | pangetangirèng warsi | pônca warna katon muluk |Sengkalan: pônca warna katon muluk (0345). ing nalika samana | marêngi môngsa asuji | Prabu Kano kaparênging karsa nata ||

30. mêwahi abêning kinang | dados gangsal sêdhah gambir | jambe apu tuwin sata | dhinawuhkên mring sadasih | wradin satanah Jawi | inggih punika witipun | tiyang Jawi anginang | ngantos dumugi samangkin | dèn abêni [a...]

--- 230 ---

[...bêni] lir kang wus kasêbut ngarsa ||

31. ing antara kalih warsa | sêpên cariyosing tulis | dupi dungkap tigang warsa | wontên malih kang kawarni | ing taun wikuradi | surya sangkala tri atus | lan tigang dasa astha | têngraning sangkala èsthi | agni murub etanging côndra sangkala ||Sengkalan: èsthi agni murub (338).

32. tigang atus kawan dasa | langkung wolu dèn têngêri | madyèng tirta katon mukswa |Sengkalan: madyèng tirta katon mukswa (0348). ing môngsa pusa marêngi | karsanira sang aji | Prabu Kano arsa nglurug | aprang lan ditya raja | Prabu Sangkala ing nagri | Samaskuta kakangira Karungkala ||

33. sri maharaja wus têdhak | kêbut sawadya prajurit | mila arsa pinukul prang | awit sang raksasa aji | balela ing narpati | Sang Prabu Kano puniku | wus tita datan arsa | asok glondhong bulubêkti | myang pangarêng-arêng mring Purwacarita ||

34. wit saking dènnya murina | mring kadangira kang lalis | sira Sang Prabu Sangkala | nêdya malês lara pati | mênggah kang dèn wastani | nagri Samaskuta wau | dumunung nuswa Jawa | kilèn ugi dèn wastani | ing Sumatrah tunggil tanah lan Pidana ||

35. sarawuhira sang nata | ing Samaskuta nagari |

--- 231 ---

lajêng campuh ing ayuda | rame rok asilih ungkih | gênti kasor ing jurit | wêkasan sang yêksa Prabu | Sangkala kawasesa | kasor pêjah ing ajurit | tumpês wadya sasisane kang pralaya ||

36. lumayu asalang-tunjang | ana kang sumêngkèng wukir | ana kang manjing jêjurang | sawênèh manjing wanadri | dènnya ngupaya urip | sapêjahe yêksa prabu | kunêng datan winarna | ya ta sang sri narapati | kondur marang nagari Purwacarita ||

35. Pangkur

1. kapungkur ing Samaskuta | tindakira anèng marga sang aji | tuwuh kadarpaning kalbu | mampir marang ing arga | Batuwara yèku pratapaning wiku | ditya Sang Rêsi Prakêmpa | ramanira sang dityaji ||

2. Karungkala ing Pidana | lawan Prabu Sangkala kang wus lalis | adrênging karsa sang prabu | arsa amêjahana | ing sang tapa wit sutane kalih wau | dènira sami balela | ing Prabu Kano dinalih ||

3. pangajanirèng sudarma | samantara duk tuwuh karsaning aji |Lebih satu suku kata: samantara duk tuwuh karsèng aji. kang murang ing rèh rahayu | tanpa ngadil pariksa | Sang Hyang Wisnu oncat saking sang aprabu | kondur mring Hindhu anuksma | ing brahmana kang wêwangi ||

--- 232 ---

4. Risang Wumana watara | Sang Brahmana Srita tranging mangèksi | yèn Bathara Wisnu sampun | oncat panuksmanira | mring Sang Prabu Kano Sangkala puniku | ngandika mring pra brahmana | he pra mitraningsun sami ||

5. para brahmana wruhanta | sêkar ingkang nêdhêng mêkar warna sri | pasthi lamun isi madu | yèn wus kisèn bun upas | madu musna lah iku pratandhanipun | yèn kêmbang bakal arusak | hèh para sumitra mami ||

6. sakèhing para brahmana | ratunira Sang Prabu Kano iki | tuhu yèn panuksmanipun | Sang Hyang Wisnu Bathara | nanging dupi kapanjingan kalamarcu | têmah Sang Hyang Wisnu murca | krana ratunira mangkin ||

7. kapanjingan tyas angkara | budi murka rèhing panggawe juti | mêmatèni tanpa kogug | mung manut tyas angkara | nadyan dosa sutane karo puniku | ananging kang nora dosa | Bagawan Prakêmpa yêkti ||

8. nora wênang kailokna | hèh mitrèngsun para brahmana sami | rèhne kang ingsun tut pungkur | Sang Hyang Wisnu wus mukswa | ingsun kudu tumutur ing Sang Hyang Wisnu | ature para brahmana | tan wontên kang nêdya kari ||

9. abipraya tumutura | Sang

--- 233 ---

Brahmana Srita sawusnya titi | têlas pangandikanipun | sakala nulya mukswa | sagung para brahmana samya tumutur | mukswane Brahmana Srita | wangsul dadya dewa malih ||

10. nihan ta sri narapatya | Prabu Kano sarawuhnya ing wukir | wus kapanggih lan sang wiku | ditya Rêsi Prakêmpa | lagya lênggah datan sarônta sang prabu | sigra anarik curiga | sang pandhita dèn larihi ||

11. jaja trus walikatira | kapisanan dhawah lajêng ngêmasi | sanalika angganipun | mukswa atilar swara | hèh narendra kang murang silèng tumuwuh | siya mring wong tanpa dosa | tan wurung sira ing wuri ||

12. winalês dening jawata | mênêng swara wus datan kapiyarsi | pinarênging kalanipun | katarima ing dewa | samantara wukir Batuwara ngriku | jumêgur swara kapyarsa | tumulya ing wukir Kapi ||

13. arga sawetan Sumatra | sakilèning Bantên swara kapyarsi | tumimbal munya jumêgur | mêtu gni ngalad-alad | lir sumundhul ing awiyat guntur kêtug | gêtêr patêr bumi molah | bayu riwut mobat-mabit ||

14. ampuhan gêng nulya prapta | parêng drêsing warsa lir ngêlêm bumi | sabuwana sindhung riwut | urut [uru...]

--- 234 ---

[...t] pèrèng dahana | ngardi Kapi kadrêsan ing riris agung | tan pisan lamun dadia | mêndha urubing ponagni ||ponang gni.

15. malah suh mangalad-alad | gumarubug swara anggêgirisi | têmah ardi Kapi jêblug | mawur sumawur bungkar | bumi bêngkah tirtaning samodra kombul | kumêrut ngêlêm dharatan | wiwit Batuwara wukir ||

16. ardi Pulosari ika | trus mangetan praptèng Kamula wukir | yèku ardi Pangerangu | ardi Gêdhe punika | tanah Bogor sapangilèn praptèng gunung | nênggih arga Rajabasa | tanah ing Sumatra ugi ||

17. kang balêbêg gênging tirta | duk punika ing Pasundhan sasisih | kang lèr sapangilènipun | ngantya tumêkèng arga | Rajabasa kambah kasangsaran agung | samya kablêbêg ing toya | sarajakayane sami ||

18. myang sarajadarbèkira | kala ingkang samya dhèrèk sang aji | samya tumpês sirna larut | kêlêm kentir ing toya | Prabu Kano mukswa dadya dewa iku | kasêbut namarsi Kanwa | mung Patih Dyan Jakapuring ||

19. antuk pitulunging dewa | kasangsang ing wrêksa sapucak wukir | têmahan manggih rahayu | sasuruting kang

--- 235 ---

toya | ngardi Kapi tuwin pasitèn ing dhusun | katingal dadya samodra | nênggih ing waktu puniki ||

20. nuswa Jawi bêlahira | têmah dados kalih ingkang sasisih | lèr kilèn ingkang kasêbut | nama pulo Sumatra | kang sasisih ing wetan maksih lêstantun | winastanan pulo Jawa | wondene ing ardi Kapi ||

21. dalah sakanan keringnya | ingkang dados sagantên dèn wastani | supitan Sundha puniku | dumugi ing samangkya | nagri Samaskuta kang sampun kasêbut | nagrinya Prabu Sangkala | anjêblug dadya jaladri ||

22. wontên satêngahing nuswa | nênggih pulo Sumatra kang jaladri | toya awêning kalangkung | ingkang mangke winastan | dening tiyang Sumatra sagantên wau | winastan dhanu Singkara | dhanu talaga kang arti ||

23. Singkara raning talaga | dumunung ing tanah Padhang puniki | punika ing purwanipun | nuswa Sumatra pêgat | lawan nuswa Jawi nihan ta kawuwus | kaetang jumênêngira | Sri Kano praptaning anis ||

24. mukswa saking nuswa Jawa | laminira dènnya jumênêng aji | tigang dasa wolu taun | kunêng mangke kawarna | Radyan Patih Jakapuring lajêng kondur | mring

--- 236 ---

nagri Purwacarita | sarawuhnya awêwarti ||

25. sawontêning lêlampahan | purwa madya praptèng wasana titi | para garwa putranipun | Sri Kano myang pra wadya- | bala tuwin santana dupi angrungu | Dyan Jakapuring wartanya | sru kagyat tyasira sami ||

26. wêkasan dahat sungkawa | kacarita mantunira sang aji | Radèn Turunan duk ngrungu | pawartaning kang paman | Radèn Jakapuring sru jarêm ing kalbu | têmah kasêrênging sabda | limut rèhing kramaniti ||

27. nguman-uman mring kang paman | mijil ingkang sabda he paman patih | sakalangkung gawok ulun | têka tan darbe wirang | mring gumlaring sutèngsu |Kurang lima suku kata: mring gumlaring jagad kalawan sutèngsu. surya miwah taranggana | têka sagêd anglampahi ||

28. mantuk gêsang dhatêng praja | amangsuli sabda Dyan Jakapuring | aran pati urip iku | sapa kang darbenana | tan lyan muhung jawata ingkang linuhung | Dyan Turunan duk miyarsa | lingira Dyan Jakapuring ||

29. saya sangêt dukanira | awêkasan Rahadèn Jakapuring | sangêt sak sêriking kalbu | anglès saking nagara | Dyan Turunan sakadang warga sadarum | kang sami nandhang sungkawa | wus lipur ing sawatawis ||

30. nulya Rahadèn Turunan | anèng Purwacarita madêk [madê...]

--- 237 ---

[...k] aji | gumantyèng rama marsêpuh | jêjuluking narendra | Prabu Kandhihawa dene patihipun | sutaning Sang Côndramawa | nama Mandasrawa Patih ||

31. dene para wadyabala | sadayane kang samya angêmasi | wus kagêntyan lênggahipun | kunêng mangkya winarna | Radèn Patih Jakapuring kesahipun | saking ing Purwacarita | mring Gilingaya nagari ||

32. ngêngirup sakèhing jana | ing bang kilèn sawusing muyut sami | anulya jumênêng ratu | wontên ing Gilingaya | ajêjuluk Iranyarudra Sang Prabu | sang nata sampun akarya | ingkang minôngka pêpatih ||

33. Êmpu Cakut wastanira | sinung nama patih anindyamantri | etangira wiwit Prabu | Kano anglurug ing prang | marang Samaskuta dumugining waktu | jumênêngira narendra | Radèn Patih Jakapuring ||

34. Sang Prabu Hèryanarudra | laminira mung antawis satèngsi | nalikanira puniku | wontên kalih narendra | tanah Jawi satunggal kang wus tinutur | ing nagri Purwacarita | lawan Gilingaya nagri ||

36. Girisa

1. ginantya sêkar gurisa | praptaning taun jaywaha | ketanging surya sangkala | tigang atus kawan dasa | lan kalih

--- 238 ---

tinêngran paksa | akarya guna etangnya |Sengkalan: paksa akarya guna (342). ing taun côndra sangkala | tri tus sèkêt angkanya ||Kurang satu suku kata: tri atus sèkêt angkanya.

2. langkung kalih sinung têngran | kacaksuh marganing rana | jroning môngsa manggala |Kurang satu suku kata: sajroning môngsa manggala. kacarita sri narendra | Sang Prabu Hèryanarudra | karsa anglurug ing yuda | mring nagri Purwacarita | gya dhêdhawuh mring ki patya ||

3. kinèn angondhangi wadya | patih umatur sandika | gya dhêdhawuh mring pra wadya | sawusing sarwa samapta | nulya atindak sang nata | kêbut sawadyabalanya | ing ênu tan winursita | wus praptèng Purwacarita ||

4. nulya campuh ing ayuda | liwêran mungsuh lan rowang | rame samya long-linongan | ganti kasor ungguling prang | bakebangke. kèh sungsun atumpang | wêkasan Sri Kandhihawa | kawasesa kasor ing prang | têmah mukswa ing payudan ||

5. kacarita putranira | Sang Aprabu Kandhihawa | sajuga priya anama | Dyan Rêspati kawlasarsa | samokswanira kang rama | dyan kapalajêng mangetan | tan wontên ingkang sinêdya | wêkasan praptèng Widarba ||

6. padhepokaning pandhita | anama Rêsi Sucandra | wau dyan putra narendra |

--- 239 ---

pinupu mring sang pandhita | kunêng malih kawarnaa | Sang Prabu Hèryanarudra | bêdhahing Purwacarita | gya kondur mring Gilingaya ||

7. lastari jumênêng nata | mêngku ing rat nuswa Jawa | Sumatra kang sisih wetan | ing Bali tuwin Madura | kala ing wêktu punika | narendra ing tanah Jawa | mung Prabu Hèryanarudra | karaton ing Gilingaya ||

8. dene Prabu Kandhihawa | jumênêngira narendra | laminya mung kawan warsa | yèku kang jumênêng nata | ping tri ing Purwacarita | samokswanira sang nata | risaking Purwacarita | tan wontên ingkang gumantya ||

9. salêbêting kalih warsa | tan wontên cariyosira | dupi dungkap tigang warsa | wontên malih kacarita | jroning yiwolambi warsa | etanging surya sangkala | tigang atus kawan dasa | langkung gangsal tinêngran ||Kurang satu suku kata: langkung gangsal tinêngêran.

10. gatining yoga katingal |Sengkalan: gatining yoga katingal (345). etanging côndra sangkala | tigang atus sèkêt gangsal | tinêngran sêngkalèng warsa | winisik tataning kagunan |Lebih satu suku kata: winisik tataning guna. Sengkalan: winisik tataning guna (355). marêngi manggasri môngsa | Dyan Rêspati kacarita | pinèt mantu sang pandhita ||

11. yèku Bagawan Sucandra | dhinaubkên lan sutanya | kang anama Dèwi Soma | antuk [a...]

--- 240 ---

[...ntuk] dènnya palakrama | kunêng datan cinarita | ing rèh rarasing asmara | Dyan Rêspati lan garwanya | gantya ingkang cinarita ||

12. praptaning sadasa warsa | wontên malih cinarita | sajroning taun rakcata | etanging surya sangkala | tri atus sèkêt sêkawan | tinêngran etanging warsa | pan dadi marganing guna |Sengkalan: dadi marganing guna (354). etanging côndra sangkala ||

13. tri atus sawidak gangsal | pangetangira tinêngran | tata rasaning kagunan |Sengkalan: tata rasaning kagunan (365). marêngi môngsa palguna | dyan rêspati kacarita | dènira apalakrama | pinèt inggaling carita | wus patutan jalu tiga ||

14. tinuduh dening martuwa | kinèn têtruka ing arga | wukir Aswata kang mangkya | winastanan ardi Pandhan | tanah Madiun punika | Dyan Rêspati tan lênggana | gya mangkat sagarwa putra | sapraptanirèng Aswata ||

15. lajêng karya padhepokan | dupi sawusira dadya | winastan ing Pantirêja | tan lami antaranira | lajêng akarya pasraman | wontên sapucaking arga | wus dadya nulya rahadyan | mratapa sêsilih nama ||

16. wus kasub ing lyan bagawan | Wrahaspati panêngrannya | salêbêting kalih warsa |

--- 241 ---

tan wontên cariyosira | dupi dungkap tigang warsa | wontên malih cinarita | jroning warsa saumiya | etanging surya sangkala ||Di dalam bait ini ada grafik: Prabu Kano prang kalihan Prabu Sangkala wontên ing nêgari Samaskunthaka.

17. tigang atus sèkêt astha | pangetangira tinêngran | bujôngga anata guna |Sengkalan: bujôngga anata guna (358). etanging côndra sangkala | tri atus sawidak sanga | pangetangira tinêngran | trusing kang rasa têtiga |Sengkalan: trusing kang rasa têtiga (369). amarêngi môngsa naya ||

18. narendra ing Gilingaya | Sang Prabu Hèryanarudra | wiwit karsa amêncarna | wiji marang desa-desa | pantun jagung tuwin kacang | kadhêle myang wiji jarak | nulya dhêdhawuh sang nata | mring wadya ing desa-desa ||

19. kinèn sami ananêma | ing sabin myang ing têgilan | kang tampi dhawuh sadaya | sukèng tyas matur sandika | kunêng gantya kawarnaa | kahyangan Saptapratala | Bathara Anantaboga | adarbe putra wanodya ||

20. Dèwi Basundari nama | kinèn kesah dening rama | karana sang dèwi arsa | kinalulut ing narendra | kasêbut Sang Hyang Sindhula | awit Hyang Anantaboga | kalangkung kewran ing driya | dadya kang putra sang rêtna ||

21. kinèn ngoncati kewala | dene wau Hyang Sindhula | asaling [asa...]

--- 242 ---

[...ling] pinangkanira | tan kocap ing srat punika | sang rêtna umangkat sigra | saking ing Saptapratala | datanpa rowang sajuga | muhung kalangênanira ||

22. kang datan kenging kantuna | kêkalih ingkang satunggal | menda padro dene ingkang | satunggalnya banyakpatra | Dyah Basundari wêdalnya | saking ing Saptapratala | tansah ngayam-ayam wana | ngambang papêsthèning dewa ||

37. Maskumambang

1. tambuh-tambuh ingkang sinêdya ing galih | yèn kandhêk tindaknya | kaprêgok ing kali-kali | bêngawan utawi rawa ||

2. banyakpatra ingkang kawasa nulungi | kinèn anyabrangna | yèn ana marga kang rumpil | menda ingkang tinitihan ||

3. rêmbên lampahira wantuning pawèstri | dangu-dangu sang dyah | lampahira praptèng wukir | Aswata ing arga Pandhan ||

4. kraos sangêt sayah aluwe wit saking | wus lami dènira | lumampah datanpa bukti | anulya kèndêl sang rêtna ||

5. sangêt luwe nanging datan darbe kapti | dhahar dhêdhaharan | sawontênipun ing wukir | wowohan awarna-warna ||

6. ingkang sangêt pinenginan ing sang dèwi | tan lyan muhung

--- 243 ---

ulam | lumungsiring menda tuwin | ulam dhadha mênthok banyak ||

7. menda padro tuwin banyakpatra sami | sinungan waskitha | sausiking tyas sang dèwi | gya sakalihira samya ||

8. nyumanggakkên sarira marang sang dèwi | yèn ta angucapa | lir janma sumôngga gusti | sariramba kadhahara ||

9. wus mangkana gya binêlèh wau kambing | pinèt lumungsirnya | banyak binêlèh ingambil | daging dhadha mênthokira ||

10. sawusira mangkana banyak lan kambing | sarêng sami mukswa | samokswanira kêkalih | kang ulam lajêng ingulah ||

11. winor dadya satunggal lumungsir kambing | dhadha mênthok banyak | mangsakan dipun wastani | ulam ênoh gya winarna ||

12. Sang Bagawan Wrahaspati kang tatèki | ing wukir Aswata | mambêt gônda kumukusing | ulam gya tumurun sigra ||

13. saking pucaking arga arsa ngupadi | kang mambêt gyanira | wêkasan sang wiku prapti | panggenanira sang rêtna ||

14. Sang Bagawan Wrahaspati duk ningali | mring kusuma rara | parêng têmpuking pangèksi | sang dyah lawan sang pandhita ||

15. têmpur liring lir kilat barung lan thathit | tyas tanpa jamuga | lir panjang putra upami | tibèng

--- 244 ---

sela kumalasa ||

16. wit Sang Rêsi Wrahaspati aningali | wanodyayu endah | anggana datanpa kanthi | sang dyah lagya ucal ulam ||

17. ngucap ingkang wau mambêt saking wukir | ugi sang kusuma | Rêtna Dèwi Basundari | tan pisan-pisan anyana ||

18. lamun kadhatêngan pandhita nom pêkik | wontên ing panggenan | kang nyênyêt sêpên kapati | ya ta wau sang pandhita ||

19. sanalika ing tyas kataman wiyadi | nulya atêtanya | sang pandhita mring sang dèwi | arum wijiling wacana ||

20. dhuh punapa ingkang ingucal puniki | dene gandanira | sêdhêp angambar nglangkungi | wangsulanira sang rêtna ||

21. sêmu merang sang kusuma mijil angling | lah inggih punika | ratêngan dipun wastani | ênoh dagingipun menda ||

22. lawan banyak cinampur dados satunggil | nulya sang pandhita | agahan arsa ngungkabi | sêdya wrin ing wujudira ||

23. wau ingkang ingucal dening sang dèwi | sêdhêng sang pandhita | asta kang têngên ngungkabi | tutupnya ingkang ingucal ||

24. kasaladan ing kukus satêmah dadi | asta bêlang pêthak | gya wangsul lênggah sang rêsi | tansah ing tyas kalênglêngan ||

25. myat ing warninira

--- 245 ---

Sang Dyah Basundari | nulya sang pandhita | nilakrama mring sang dèwi | lawan basa manuhara ||

26. mamardawa mamalat lumunturing sih | dhuh dewaning dyah |Kurang satu suku kata: adhuh dewaning dyah. musthikaning rêtna mugi | nirnakna runing wardaya ||

27. dene ulun kumapurun nilakrami | ing pundi pinôngka | tuwin paran kang kinapti | sintên kacathêting nama ||

28. dene sang dyah rawuh samadyèng wanadri | datan mawi rowang | mangsuli Dyah Basundari | dhuh sang pandhita kawula ||

29. asal saking Saptapratala kang siwi | Hyang Anantaboga | pêparap pun Basundari | wondene prapta kawula ||

30. wana ngriki wit tinundhung ing sudarmi | kesah tanpa sêdya | kenging winastan upami | lir kleyang kabur kanginan ||

31. ing sapurug mung manut lampahing angin | mangkana sang tapa | myarsa lingira sang dèwi | saya lir winungu ing tyas ||

32. dènira sru kasmaran mring sang sudèwi | dadya sang pandhita | mangsuli sabda mêmanis | dhuh sang dewataning kênya ||

33. kang satuhu musthikaning dyah sabumi | kang mêmati raga | ingkang datansah akardi | trênyuh ing manah kawula ||

34. tumancêp ing jêjantung ngrêrujit ati | dasih cumanthaka | umatur sajarwa jati | sanadyan tan môntra-môntra ||

--- 246 ---

35. yèn pantêsa pun dasih dadya pêkathik | dhatêng sang kusuma | musthikaning dyah sabumi | ananging adrênging sêdya ||

36. anêmpuh byat umatur dhatêng sang dèwi | lah punapa sang dyah | sotah angakên pakathik | mring tiyang kang kawlasarsa ||

37. ingkang kados jasat kawula puniki | ing sadangunira | Sang Bagawan Wrahaspati | ngandika rum marma dawa ||

38. sarwi anyakêti lênggahnya sang dèwi | sang dyah duk miyarsa | lingira Sang Wrahaspati | tuwin ing sasolahira ||

39. wantuning dyah kênya wus diwasèng wanci | sang dyah dahat merang | tanbuh saraosing galih | gumêtêr sariranira ||

40. kumyus ingkang swanita amaratani | sranduning sarira | sang dyah kapêksa mangsuli | sêrêt wijiling wacana ||

38. Mijil

1. dhuh sang wiku kawula puniki | rèh tinitah asor | nistha lola papa sayêktine | tan wiraga kuciwa ing warni | tan yudanagari | tan wicara ulun ||

2. sakalangkung nglêngkara upami | karsaa sang kaot | mundhut minôngka juru mangsake | sang pandhita dupi amiyarsi | lingira sang dèwi | kang makatên wau ||

3. saha tinitik ing tôndha yêkti | sasolahe [sasolah...]

--- 247 ---

[...e] katon | wahyaning sabda èsmu liringe | ngantarani kalamun sang dèwi | wus cumondhong kapti | kagarwa sang wiku ||

4. sang pandhita saya srênging kapti | nyêlak mring sang sinom | andhêsêk-dhêsêk ing dyah lênggahe | angrarurum ing têmbung mêmanis | Sang Dyah Basundari | amengo tumungkul ||

5. sarwi ngling pandhita apa iki | sajêg lagi tumon | dene ana pandhita mangkene | têka sêmbrana marang pawèstri | apa ora wêdi | dhêndhaning dewa gung ||

6. nanging sang wiku tan amigati | ing wuwus sang sinom | malah wèh tambah drênging karsane | dènirarsa ngrurah ing arêsmi | tan sarônta nuli | sang rêtna sinambut ||

7. binêktèng pasraman laju manjing | langêning paturon | sang pandhita dhatêngkên karsane | sang dyah datansah akongah-kangih | sang wiku mangungkih | mrih usadèng wuyung ||

8. mung cinêkak rêroncèning rêsmi | datan winiraos | kusumèng dyah wus dadya garwane | sang pandhita anutug karonsih | nihan ta kawarni | salêbêting taun ||

9. sadharuna etanging kang warsi | nalika samono | tri atus sèkêt sanga angkane | yèku ing

--- 248 ---

surya sangkala warsi | gatra lan tataning | wedha têngranipun ||Sengkalan: gatra lan tataning wedha (359).

10. etanging côndra sangkalèng warsi | ôngka winiraos | tri atus pitung dasa langkunge | tinêngran sirna swarani agni |Sengkalan: sirna swarani agni (370). mangsanya marêngi | srawana puniku ||

11. putranira Rêksi Wrahaspati | kang kantun ing dhepok | Pantirêja kang nama Rahadèn | Anggara lan Dyan Cundhaka kalih | mring ibu tinuding | samya kinèn nusul ||

12. mring pratapanira rama Rêksi | Wrahaspati kinon | angaturi mring rama kundure | wit kang ibu onêngnya kêpati | kang putra kêkalih | gya minggah ing gunung ||

13. praptèng pratapan sampun kapanggih | lan rama sang karo | gya umatur dhuh rama wiyose | prapta ulun mring ibu tinuding | kinèn angaturi | paduka pukulun ||

14. rèhning sampun lami tan kapanggih | onêngnya kêpatos | ingkang rama rum pangandikane | hèh sutèngsun balia tumuli | wêwartaa maring | ibunira kulup ||

15. lamun ing samêngko kinèn mulih | durung bisa ingong | krana ingsun ing mêngko sêdhênge | mêlêng cipta mêmuja sêmèdi | menta nugrahaning | jawata linuhung ||

--- 249 ---

16. yèn muliha ingsun mangko yêkti | dumadi amêgot | yoga brataningsun satêmahe | tan tumêka ing panêdya mami | dèn sabarna kaki | samôngsa wus tutug ||

17. pamintèngsun mring jawata luwih | nuli mulih ingong | lah wis kulup balia samangke | wêwartaa mring ibumu nuli | dyan kalih gya pamit | rinilanan sampun ||

18. wus tumurun saking pucak wukir | lampahnya sang karo | datan antara dangu wus praptèng | dhepok Pantirêja wus kapanggih | lan kang ibu sami | mangkana umatur ||

19. mring kang ibu sarèhnya tinuding | ing purwa praptèng don | matur malih rahadèn kalihe | nanging pangintên datan sayêkti | yèn sawêk sêmèdi | mêmintèng dewa gung ||

20. awit kala kawula sumiwi | wrin wontên wong wadon | maksih taruna endah warnane | pangintên kawula bokmanawi | punika kang dadi | jawata linuhung ||

21. sarta ingkang pinuja sêmèdi | langêning paturon | Dèwi Soma duk myarsèng ature | ingkang putra karna lir sinêbit | wis ngira sang dèwi | yèn raka sang wiku ||

22. mêntas krama kabrananging galih | wantunira wadon | tan sagêt ngampah [nga...]

--- 250 ---

[...mpah] nêpsu hawane | samantara gya minggah ing wukir | pasramaning laki | sapraptaning ngriku ||

23. aningali kang raka yèn lagi | lênggah sakarongron | sanalika limut saliring rèh | têmah datan sarônta ing galih | Dèwi Basundari | jinamalan gupuh ||

24. sarwi wahyaning sabda awêngis | iki kang bagogok | kang pinuja-puji jawatane | dadya ulêng gya pinisah dening | Rêsi Wrahaspati | ing sauwalipun ||

25. Dèwi Soma dinukan ing laki | sang wiku kawiyos | sêrênging sabda marang garwane | Dêwi Soma dipun upatani | mêngko sira kardi | wiranging tumuwuh ||

26. muga nêmua wirang ing wuri | dhêndhaning Hyang Manon | Dêwi Soma gya wangsul ge-age | sarwi karuna samargi-margi | dahat amlasasih | mêmintèng dewa gung ||

27. mugi ing têmbe Dyah Basundari | manggiha lêlakon | antuk bêbênduning jawatane | manggiha sungsang bawana balik | wantu pamintaning | sutèng wiku luhung ||

28. jinurunging jawata linuwih | tandhane katongton | sinauran ing gêtêr patêre | Dèwi Soma sapraptaning panti | Dèwi Basundari | amothah ing kakung ||

--- 251 ---

29. pamit kondur mring Saptapratiwi | drênging tyas sang sinom | datan kenging sinayut karsane | sang pandhita têmah anuruti | kondurnya sang dèwi | sang wiku tumutur ||

30. lampahira sapraptaning margi | kêkalih samyanon | ing ngawiyat kalangkung pêtênge | dhêdhêt lir mêndhung ngêndhanu kèksi | dangu dènnya sami | tumêngèng aluhur ||

31. dangu-dangu têranging pangèksi | yèn ingkang katongton | yèku narendra kalih yêktine | tarung rame kuwêl ing wiyati | Dèwi Basundari | umatur ring kakung ||

32. kang katingal ing wiyat puniki | naga agêng karo | tarung kuwêl punika jatine | kang satunggal ramaningsun yêkti | kang kahyangan munggwing | Saptapratalèku ||

33. Hyang Anantaboga kang satunggil | naga gêng kawartos | Hyang Sindhula kasub ing namane | ingkang asorot cêmêng puniki | kang sudarma mami | kang abrit puniku ||

34. Hyang Sindhula marma andarbèni | cahya bang sumorot | awit saking kapanjingan tyase | angkara murka pangrèhing juti | Rêsi Wrahaspati | duk miyarsèng wuwus ||

35. aturira Dèwi Basundari | sakalangkung gawok |

--- 252 ---

samantara amênthang langkape | naga kang sorot bang dèn lêpasi | ing tikswara lungit | narendra kacundhuk ||

36. ing sanjata netranya kang kering | gya mukswa saking gon | mênggah Sang Hyang Sindhula mukswane | lajêng nyèluman praptèng samangkin | dados naga jati- | ngarang wartosipun ||

37. dora yêkti kang ngripta mung darmi | anilas pawartos | kunêng Hyang Sindhula samukswane | Hyang Anantaboga anêdhaki | mring risang kêkalih | malih warninipun ||

38. katon kadya manungsa sajati | rinangkul sang sinom | tinangisan nulya kêkalihe | samya ngèstu ing pada sang prapti | sang amalih warni | têtanya mring sunu ||

39. lêlampahan ingkang dèn lampahi | ing purwa praptèng don | dene aruntung-runtung lampahe | lawan priya taruna apêkik | Dèwi Basundari | wus sajarwa tuhu ||

40. ingkang rama suka duk miyarsi | ri wusing mêngkono | nulya sami binêkta kalihe | mring kahyangan lampahnya wus prapti | anêng Saptabumi | wus lami cinatur ||

41. Sang Wrahaspati tinuduh dening | sang marsêpuh kinon | dhêdhukuh ing wana Mêdhanggêle |

--- 253 ---

ingkang putra tan lêngganèng budi | mangkana sang rêsi | lawan garwanipun ||

42. apamitan mring sudarma sarwi | angèstu pada nor | wus rinilan dyan umangkat age | mêdal saking ka-Saptapratiwi | lampahira kalih | tan kawarnèng ênu ||

43. praptèng Mêdhanggêle ing wanadri | tumulya ing kono | binabadan kinarya dhukuhe | datan lami wus dadya sêkalir | akathah pra janmi | kang awismèng ngriku ||

44. tata-tata makarangan sami | sumuyut sakèh wong | mring sang wiku ngawula anggêpe | Rêsi Wrahaspati tuhu bangkit | mèt tyasing sasami | mintir dananipun ||