Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bima Bungkus, Mangunwijaya, 1921, #593

Katalog:Bima Bungkus, Mangunwijaya, 1921, #593
Sambung:-

PAKEM BIMOBOENGKOES

Sêrat Pakêm Bima Bungkus

Mawi kasêkarakên

Karanganipun Mas Ngabèi Mangunwijaya ing Wanagiri-Surakarta

TJITAKAN PERTAMA

DITERBITKEN DAN TERDJOEAL OLEH: BOEKHANDEL TAN KHOEN SWIE

KEDIRI 1921

--- 3 ---

Bima Bungkus

1. Dhandhanggula

1. pindha kang wus punjuling mêmanis | dènnya paksa mangikêt gitaya | tan mèngêt yèn nguni dèrèng | srawungan wiku putus | kang pinudyèng jana pinuji | ngijèni yasa darma | myang rèh susilayu | môngka witing rasa mulya | mrih tumangkar karya arsayèng dumadi | widagdèng tatakrama ||

2. marma tangèh sotaning tyas yêkti | yèn darbea cipta kang mangkana | wit tuna maniskarèng rèh | mila paksa mangapus | murwèng gita kinor kêkawin | lênging nala tan liyan | mung mrih darsanayu | yuwanane nungswa Jawa | kang kajarwa jroning jaman purwa nguni | ing pakêm padhalangan ||

3. mrih dadia kang têpa palupi | anglêluri lêluhur ing kuna | kênia kinarya tondhe | lêlakon duk ing dangu | kang tan yogya myang kang sayogi | dadia sudarsana | laksanèng tumuwuh | kang lulus budi raharja | tinulada sayêkti antuk basuki | kang ala tinêbihna ||

4. mangkya ingkang pinurwakèng ruwi | môngka jêjêr nagri Gajahoya | Arya Dhêstharata mangke | lênggah siniwèng sunu | Radên Jayapitana tuwin | Wrêsni Sang Arya Suman | mangkana winuwus | Arya Prabu Dhêstharata | tinon kadya dahat angêmu wiyadi | surêm sunaring netya ||

5. samantara angandika ririh | Arya Suman kang pinujwèng

--- 4 ---

sabda | hèh Sangkuni paran mangke | mungguh ing pamikirmu | bab putrane yayi narpati | kang mêtu bêbungkusan | wus antara dangu | sinetrèng Krêndhawahana | paran lamun sira nora padha mikir | wusananing laksana ||

6. Arya Suman lômba ing panampi | kaluhuran pangandikèng kaka | nanging rinta sang pamase | mangkya kèksi ing sêmu | kados sampun botên ginalih | dening mêgêlkên manah | bêbayi kang bungkus | arsa pinêcah tan kêna | sakathahing gêgaman pusakèng sang sri | tan wontên kang tumama ||

7. milanipun kalampahan mangkin | sinetrakkên mring Krêndhawahana | karsanipun sang pamase | mung pinrih sirnanipun | wit sêsuta tan limrah janmi | milanipun kakang mas | paduka tan parlu | tumut anggalih punika | Dyan Sang Arya Suyudana nambung angling | lêrês andika paman ||

8. pinikira yêkti tanpa kardi | wong sêsuta tan kaprah manungsa | lêrês kapurih sirnane | lan malih kang bêbungkus | bokmanawi tan isi bayi | baya mung isi sela | agung gumalundhung | mokal yèn isi manungsa | lamun isi manungsa yêkti wus kêni | pinêcah ing gêgaman ||

9. Dhêstharata mèsêm ngandika ris | sira karo padha katambuhan | ananing lêlakon kiye | kelokane dewa gung | sira padha nora mekani | sanadyan isi jabang | yèn dewa linuhung | anitah dibya wantala | sayêktine ya nora bêbakal kaki |

--- 5 ---

balik padha rasakna ||

10. ing samêngko bayi lagi lair | pan wus nora pasah ing gêgaman | saya besuk diwasane | iku kang ingsun rêmbug | Suyudana lawan Sangkuni | sarêng sami miyarsa | sabda kang kadyèku | karone wus samya nyandhak | karsanira Dhêstharata kang piningit | wusana Arya Suman ||

11. matur nêmbah dhuh kangmas samangkin | kula sampun tampi ingkang dadya | karsa paduka ing mangke | amba cumadhong dhawuh | ingkang badhe ulun lampahi | Dhêstharata ngandika | ing mêngko karsèngsun | sira lan saanakira | pra Kurawa padha lungaa marsudi | gêgaman kang utama ||

12. kang akêna kinarya nglunasi | bayi ingkang maksih bêbungkusan | aywa nganti mindho gawe | lan dèn prayitnèng kewuh | sumêktaa gamaning jurit | nanging dèn bisa sasab | wis mangkata gupuh | Sangkuni matur sandika | gya manêmbah lumèngsèr mêdal ing jawi | Sang Arya Dhêstharata ||

13. lan kang putra Arya Kurupati | sakalihan wus tumamèng pura | Arya Sangkuni duk praptèng | jawi laju dhêdhawuh | anglêmpakkên pra putra sami | kinèn siyagèng yuda | tan antara sampun | ngalêmpak pêpak ing ngarsa | Dursasana kasusu nungsung pawarti | hèh paman Arya Suman ||

14. wontên dhawuh punapa kang gati | têka gita pinurih sumêkta | miranti ing aprang dene | tan ana mungsuh rawuh | Arya Suman ngandika ririh | hèh kulup Dursasana |

--- 6 ---

sarèhna pikirmu | ing kene padha lungguha | ngong jarwani karsane ramanta kaki | kene dirada pêrak ||

15. ing sarèhne ramanta sang aji | anggonira pêputra bungkusan | uwus sawatara suwe | sinetrèng Gôndamayu | durung bisa babar kang bayi | dening sakèh gêgaman | kang kinarya gêpuk | tan ana ingkang tumama | sumarmanta ramanta milu prihatin | rêntêng tyas tan pantara ||

16. mangkya tan lyan kadarpaning kapti | amung arsa angudi gêgaman | kang karya mêcah bungkuse | pulunan kang gumlundhung | nèng pasetran ing Gôndamayi | mangkya manira lawan | sira sasadulur | kinèn lumaku ngupaya | gêgaman kang prêmati karya mungkasi | luwaring bêbungkusan ||

17. Dursasana anauri angling | paman arya karsane jêng rama | punika kula tan cècèg | dadak milu angrêmbug | bayi ingkang tan kaprah janmi | tan wontên parlunira | bok gih kajêngipun | pêjah nèng Krêndhawahana | binadhog ing sato wana danawa wil | minôngsa brakasakan ||

18. Arya Suman mèsêm anauri | iya bênêr kaya karêpira | ananging ramanta anggèr | adrêng ing karsanipun | angêngudi gaman kang dadi | sarana karya mêcah | bêbungkusan iku | nora kêna pinopoa | malah kinèn mangkat ing sadina iki | mulane Dursasana ||

19. payo nuli abudhal samangkin | Dursasana sarwi sinasmitan | wus tômpa

--- 7 ---

ing sawadine | sangêt sukaning kalbu | pra Kurawa wus sinung wangsit | kinon nulya pradandan | tan adangu rampung | sigra budhal kêkapalan | sangkêp pêpak saupacaraning jurit | lir argaarsa. magut yuda ||

20. nêngna ingkang maring Gôndamayi | Sri Narendra Pandhudewanata | asangêt nandhang wirage | wit saking wangkotipun | ingkang garwa Dyah Dèwi Madrim | tan arsa cinarêman | yèn pamintanipun | nitih lêmbu Dini kênya | tan katêkan suka kongsi praptèng pati | tan arsa pinarpêkan ||

21. sri pamasa susah masmu isin | sakalarsa sumêngkèng kayangan | sowan Hyang Guru sêdyane | ngampil Andini lêmbu | sri narendra sampun ambêsmi | dupa môngka sarana | tan antara dangu | dupa wus dadya pawaka | kantar-kantar kumukus ngayuh wiyati | Sri Pandhudewanata ||

22. dyan sidhakêp umangsah samadi | samantara sarira bathara | wus sirna kamanungsane | muksa apulang kukus | sumêngkèng wyat pangawak angin | samana Suralaya | Hyang Pramèsthi Guru | nuju lênggah lawan garwa | Dèwi Uma lan Sang Hyang Kanekasiwi | Sang Hyang Guru ngandika ||

23. kakang Nrada paran kang suwadi | kayu Dewaandaru suwarga | surêm samun sêsunare | datan patya sumunu | tinon saya alum ngalêntrih | Sang Hyang Nrada maluya | alon sungsung guyu | dhuh Sang Hyang Jagad Pratingkah | inggih kilap punapa Sang Hyang Pramèsthi | têka dangu pun kakang ||

--- 8 ---

24. Hyang Pramèsthi angandika malih | kakang Nrada lêrês jêngandika | makatên ing kajatène | nanging tumandukipun | yakti mawi warana jati | pama kang sastra maya | wahyaning panêmu | yakti atas saking cipta | ananging ta tètèsing antanu maring | papan mawi lantaran ||

25. osiking tyas rumambat ing jari | jari musthika kalam pinolah | marna rasa sarasane | têmah dadya sastrayu | amintokkên sotaning kapti | mila kakang andika | datan kenging mingkuh | nêtêpana kawajiban | dadya wrana mêdhar kawaspadan mami | mangkya kakang Kaneka ||

26. inggih kêdah pratela kang titi | lir pitakèn manira ing ngarsa | Hyang Narada lon ature | dhuh-adhuh adhi Guru | kaluhuran sabdanta yakti | tan pae non paesan | warna kang kadulu | amolah sajroning kaca | yakti atas saking kang angilo carmin | tan kwasa bawanana ||

27. nanging mangkya rèh Sang Hyang Pramèsthi | inggih kêdah andangu pun kakang | ingkang dados darunane | surêming Dewadaru | tarlèn saking Sang Byasasiwi | pun Pandhudewanata | lagya nandhang giyuh | dening dèrèng kasambadan | carêm lawan swaminira nini Madrim | wit saking punaginya ||

28. nini Madrim tan arsa rinêsmi | nadyan têkèng linampus tinêmah | lamun dèrèng kadumugèn | kadya punaginipun | arsa numpak lêmbu Andini | mangkya Nata Ngastina | sangêt merangipun |

--- 9 ---

yèn tan sagêd andhatêngna | lêmbu Dini luhung murut ing kajatin | mangkya Sang Dewanata ||

29. mêsu budya apangawak angin | mêsat moksa sumêngkèng kayangan | sumiwèng paduka mangke | inggih arsa nênuwun | ngampil punang lêmbu Andini | dèrèng kèndêl turira | Hyang Kanekasunu | Sang Sri Pandhudewanata | tan antara prapta marêk Hyang Pramèsthi | laju mangèstupada ||

30. nulya lênggah sor dhêdhampar manik | marikêlu sumungkêm ing kisma | Sang Hyang Guru andikane | kaya Si Byasasunu | prapta marêk ing ngarsa mami | baya ana karsanta | mêminta maringsun | lah ta mara wêparênawêdharêna. | apa ingkang dadya wigatining kapti | Sri Dewanata nêmbah ||

31. dhuh pukulun Mahadewa Widhi | marma amba sumêngkèng kayangan | tanpa larapan sumiwèng | ngabyantara pukulun | tarlèn ingkang dados wigati | titah paduka tuwan | pun suwami ulun | nini Madrim sru lênggana | anglanggati kadya satataning swami | lumuh murwèng paprêman ||

32. darunanya Hyang Padya Bathari | yakti inggih botên kasamaran | tarlèn kawula samangke | mung minta sih pukulun | kalilana kawula ngampil | pun lêmbu Dini kênya | manawi pukulun | inggih botên amarêngna | ulun datan wangsul mring Ngastina nagri | luhung nèng Suralaya ||

33. linêbêtna nèng jroning Yahmani | tan suminggah mung sumanggèng karsa | kèndêl Sang Pandhu ature | Hyang

--- 10 ---

Guru mèsêm muwus | titah ingsun Sang Byasasiwi | mêngko sira muliha | dèn anti swamimu | dene ta pamintanira | ngampil sapi Andini titihan mami | ingsun wus amarêngna ||

34. Sang Hyang Guru angandika malih | hèh Andini sira umilua | mring Sri Dewanata kiye | karana swaminipun | nini Madrim dahat kapengin | numpak ing gigirira | ananging lamun wus | kalaksanan nuli sira | umuliha iya maring Suranadi | aywa suwe nèng kana ||

35. lêmbu matur sandika tumuli | Pandhudewanata amit nêmbah | kalilan sampun lumèngsèr | lêmbu Dini tumutur | dupi praptèng nataring puri | pura ing Suralaya | Sang Andini gupuh | tinitihan ing sang nata | dyan umêsat gantya kang winarnèng tulis | Dèwi Madrim samana ||

36. sapêngkêring sang sri narapati | dahat dènnya rêntênging wardaya | angraoskên sang pamase | wêlasira kalangkung | nanging Dèwi Madrim sayêkti | tan bangkit nurutana | karsane sang prabu | dening sang rêtna tan arsa | nanging yêkti pratignyane putri adi | yèn datan katurutan ||

37. dènirarsa nitih lêmbu Dini | datan arsa carêm lan sang nata | lamun pinaksa tekade | luhung tumêkèng lampus | duk samana Sang Rêtna Madrim | nuju lênggah ing pura | pinarak banipun | sang rêtna alon ngandika | biyung êmban paran yèn sri narapati | dènnya mring Suralaya ||

38. minta ngampil sang

--- 11 ---

lêmbu Andini | yèn Hyang Jagatnata tan marêngna | priye biyung wêkasane | ngong minta ing dewa gung | muga-muga Hyang Odipati | iya amarêngêna | ing panuwunipun | sang rêtna kala ngandika | èsmu waspa wadana barabak abrit | katon wimbaning tikbra ||

39. tinon malah saya wênês manis | sêsinome manawung wadana | yèn sinawang pasêmone | anglir kang lung-lung manglung | ing sêsela gilang kalingling | angsung lam-laming nala | sakala wèh wuyung | ni êmban matur manêmbah | mênggah saking pangintên kawula gusti | Sang Hyang Jagad Pratingkah ||

40. sampun tamtu amarêngkên gusti | awit raka paduka sang nata | kinaot samèng pamase | tyas ambêk susilayu | karêm ulah ing pangastuti | yêkti para jawata | samya sih kalangkung | têmah sapamintanira | tinurutan dènnya ngampil lêbu Dini | dèrèng kèndêl turira ||

41. nyai êmban ya ta sri bupati | tan antara tumurun sing wiyat | sarya nitih Andinine | parêkan duk andulu | rawuhira sri narapati | sigra tumamèng pura | matur sang rêtnayu | dhuh gusti raka paduka | sri narendra sampun rawuh sarwi nitih | lêmbu Andini kênya ||

42. kèndêl wontên panataran puri | Dèwi Madrim kapitèng wardaya | sigra miyos age-age | praptaning natar sampun | cundhuk lawan sri narapati | laju angaras pada | sang nata nabda rum | yayi Madrim tingalana |

--- 12 ---

iya iki sapi Andini kang dadi | pangajaping tyasira ||

43. Sang Hyang Jagadnata wus marêngi | payo yayi nuli titihana | sang dyah sandika atur |Kurang satu suku kata: sang dyah sandika ature. sang rêtna gya sinambut | ring sang nata tunggil anitih | sukèng tyas sang surêtna | Andini lumaku | mubêng madyèng palataran | samantara sang rêtna tumurun ririh | laju tumamèng pura ||

44. lêmbu Dini sampun dèn lilani | wangsul marang kayangan kaswargan | ya ta wau sang pamase | samuksanira lêmbu | ingkang garwa sinambut nuli | laju malbèng paprêman | murwèng rarasing rum | sang nata kasok sihira | mring kang garwa samana tantara lami | sira sang padniswara ||

45. Dèwi Madrim sampun anggarbini | sri narendra sangêt sukanira | para parêkan sêdene | para wandawa wadu | sanagara arsayèng kapti | kèksi rêsmining praja | kawangwang ngênguwung | surya côndra lan kartika | milu suka sêsunare anartani | nadukarèng sri nata ||

2. Sinom

1. nêngna ingkang mangun suka | mangkya kang winarnèng tulis | ing nagari Batareta | ingkang jumênêng narpati | raksasa dibya sakti | jêjulukira Sang Prabu | Raja Kala Drêgôngsa | nuju alênggah tinangkil | pêpak ingkang sumewa andhèr balabar ||

2. kang kaparêk ngarsèng nata | ban Kêpêtmega wêwangi | sri narendra angandika | êmban kang tinujwèng galih | hèh êmban paran mangkin | kaananing prajaningsun | apa

--- 13 ---

ingkang kuciwa | umatura aywa wigih | ngong galihe apa kang kurang prayoga ||

3. Kêpêtmega matur nêmbah | dhuh gusti sri narapati | saking panawang kawula | nagri paduka samangkin | botên anguciwani | bêbasannya muwah-muwuh | mirah sandhang lan pangan | pra raksasa brêtyapati | sami suka saking sugih rajabrana ||

4. nadyan kang danawa rucah | tan susah ngupaya bukti | mrih mêmangsan sato wana | kidang mênjangan myang kancil | ewon sabèng wanadri | jênêk-jênêk tutut-tutut | danawa kang nèng guwa | myang jêjurang lêmah miring | samya girang saking tan kirang mêmangsan ||

5. jalu èstri lêma-lêma | sarira mêlês kalimis | jro pura asri mararas | dene rêrênggan sarwèdi | pasrèn asrèn kaèksi | mas riniptèng sotya murup | kasor rêsmining swarga | kaswarèng liyan nagari | tangèh lamun tumimbang ing Batareta ||

6. malah kêkês miris samya | mulat kadibyanta gusti | sri nata saklangkung suka | gumujêng angêntrog wêntis | bênêr turira bibi | nanging rasaning tyas ingsun | nadyan ta mangkonoa | apa kang dadi suwadi | jroning pura katon samun tan ngujwala ||

7. matur êmban Kêpêtmega | kaluhuran sabda sang sri | wit wontên bêbasanira | sêpêning wadana gusti | lamun tan gantèn tuwin | sêpêning kang dhusun-dhusun | yèn tan mawi kapala | sêpêning wisma wit saking | tanpa putra têmah lir suwung kewala ||

--- 14 ---

8. sri nata gumujêng nabda | biyung sira têka wasis | karya lambang pralampita | wruh ing sêmu lambang liring | lire kadhaton mami | marmanira katon suwung | wit ingsun tan pêputra | nanging paran mêngko bibi | witing putra sayêktine saking garwa ||

9. ing mêngko jênêng manira | paran purwane sêsiwi | awit ingsun durung krama | marmanta ing mêngko bibi | paran budinirèki | êmban Kêpêtmega matur | kaluhuran sabdendra | sadèrènge sri bupati | karsanggalih kotamaning jatukrama ||

10. amba inggih sampun lama | angulati miling-miling | putri putraning narendra | kang pantês minôngka sori | malah sampun anuding | êdom sumurup ing banyu | ananging dèrèng angsal | pamilih ingkang sayogi | pantês dadya sêkaring pura narendra ||

11. sawêg wontên tigang dina | kawula angsal pawarti | saking abdinta nangkoda | kang dagang mring tanah Jawi | yèn putrinya Sang Aji | Krêtagnyana Tasikmadu | dados ojating jagad | wasta Dyah Citrawarsiti | warnanira ngasorkên apsari swarga ||

12. sampun kathah para raja | myang satriya putrèng aji | samya prapta amêminta | mring Sang Dyah Citrawarsiti | nanging mung dèn wangsuli | lamun sang rêtnaning ayu | sabên tinari krama | dèrèng karsa anglampahi | awit maksih arêmên momong sarira ||

13. suka sang sri yaksadipa | dupi amiyarsa warti | tan [ta...]

--- 15 ---

[...n] antara angandika | biyung paran ta sang putri | dene ta durung apti | apa milihmisih. kurang umur | êmban matur manêmbah | aturipun abdi grami | sang dyah sampun ayuswa wolulas warsa ||

14. sang prabu malih nandikangandika. | yèn uwuuwus. wolulas warsi | layak uwus praptèng môngsa | wus sêdhênge palakrami | pama kang puspitadi | nêdhênging babar gônda rum | saka pangiraningwang | dènnya sang sri amangsuli | mring pra raja kang padha ngêbun-bun enjang ||

15. yèn sang putri kang tan arsa | amung kinarya sêngadi | dènnya nampik para nata | dening durung dadya kapti | misih darbe pamilih | nata ingkang bôndha-bandhu | sugih rajabarana | myang sudibya sura sakti | kang santosa ya kaya jênêng manira ||

16. matur êmban Kêpêtmega | kaluhuran sabda aji | Sang Prabu Karêntagnyana | jroning tyas maksih marsudi | mantu kang sura sakti | kineringan para ratu | sagêda arumêksa | ing karatonira awit | Tasikmadu dèrèng kawical santosa ||

17. prabu malih angandika | biyung rasaning tyas mami | putrine Sri Krêntagnyana | Sang Rêtna Citrawarsiti | baya uwis pinasthi | dadi jatukramaningsun | mêngko karsa manira | dina iki ngong pribadi | arsa nglamar mring Tasikmadu nagara ||

18. yèn tinampik nora tômpa | banjur ingsun sabutrêbut. jurit | Kêpêtmega matur nêmbah | dhuh gusti lamun suwawi | lawan karsa sang aji | sampun [sampu...]

--- 16 ---

[...n] makatên sinuhun | èngêta yèn paduka | nata binathara luwih | tan sayoga manawi tindak priyôngga ||

19. inggih amung utusana | nêtêpi kramaning aji | kalawan mundhi nawala | têmbung ngêbun-êbun enjing | gampil lamun tinampik | sêdhêng rinêbat ing pupuh | nadyan rinêbat ing prang | kados-kados sri bupati | botên ngantos manawi têdhak priyôngga ||

20. cêkap wontên cundakendra | kados sampun angrampungi | ngrêmêt Tasikmadu praja | gôndra sapintên wong Jawi | sapisan nagri alit | kaping kalih tanpa kawruh | tan darbe kaluwihan | kaping tiganipun miskin | lalèn-lenan katungku ulah kamulyan ||

21. ewadene sri narendra | manawi bôndakalani | sêdhêngipun sinantosan | paduka rawuh pribadi | yaksendra duk miyarsi | aturing êmban sadarum | sangêt sukaning driya | wusana ngandika malih | yèn mêkonomêngkono. biyung iya mêngko sira ||

22. nuli karyaa nawala | mring Tasikmadu nagari | minta putrining narendra | lawan karsaningsun bibi | munia jroning tulis | kalamun nora panuju | putrine ingsun alap | arsa ingsun rêbut jurit | Tasikmadu ngong dadèkke karang abang ||

23. êmban umatur sandika | sigra nuduh karya tulis | rampung katur sri narendra | nulya nimbali wadya wil | kang wus nate tinuding | ngêlar jajahaning mungsuh | nama ditya

--- 17 ---

Pragalba | kadhawuhan mundhi tulis | katur maring Sang Aprabu Krêtagnyana ||

24. ing Tasikmadu nagara | sêrat pinaringkên tuwin | winêling wigatinira | lan kinèn sawegèng jurit | yaksendra amêmêling | hèh ditya Pragalba lamun | sira mulih tan gawa | Rêtna Dyah Citrawarsiti | pasthi sira ingsun tigas gulunira ||

25. Pragalba matur sandika | sigra manêmbah minta mit | kalilan wus mêdal jaba | yaksendra umanjing puri | Pragalba praptèng jawi | panggih lawan rowangipun | dityakala Wikalpa | myang lènira minta warti | wigatinya tinimbalan sri narendra ||

26. Pragalba sampun pawarta | salwiring karsèng narpati | Dyan Dityakala Wikalpa | kinèn mêpakkên wadya lit | ingkang arsa kinanthi | mring nagara Tasikmadu | tan antara samapta | pêpak wus samya miranti | sigra mangkat mêsat gayuh ngantariksa ||

27. gantya ingkang kawuwusa | ing Tasikmadu nagari | Sang Prabu Karêntagnyana | nuju lênggah ing sitinggil | pêpak kang samya nangkil | kang kaparêk ngarsèng prabu | narpatmaja panêngran | Dyan Citrawarsita tuwin | warôngkendra namarya Mandanasraya ||

28. sidhêm jroning panangkilan | tan ana kang imbal angling | dening anon sri narendra | tinon manawung rudatin | darunanira saking | putranira Sang Dyah Ayu | Dèwi Citrawarsitya | tinari krama tan apti | têmah tansah mangsulkên para narendra ||

--- 18 ---

29. myang pra raja sinatriya | kang samya ngêbun-bun enjing | sandeyèng driya sri nata | bok para narendra sami | tuwin pra narpasiwi | kang samya ngêbun-bun esuk | samya adrênging karsa | tan wun Tasikmadu nagri | hèru-hara katêkan ing parangmuka ||

30. wusana sri naranata | alon ngandika mring siwi | dhuh kulup Citrawarsita | paran ta bakyunta kaki | têka puguh kapati | tinari krama tan ayun | paran darunanira | matur nêmbah narpasiwi | dhuh dewaji kangbok dènnya dèrèng karsa ||

31. nambut silaning akrama | wêwangsonipun ing batin | kang kawêdhar ing kawula | botên pati-pati krami | yèn dèrèng antuk wangsit | wasitaning bathara gung | dèrèng kèndêl dènira | umatur sang narpasiwi | pan kasaru gêdêring wong pangurakan ||

32. rame orêg mawurahan | kadya gabah dèn intêri | dening wontên danawarda | ewon tumrun sing wiyati | sikêp gamaning jurit | anjujug ing alun-alun | katon sing pasewakan | nata kagyat sigra nuding | mring kya patih pinurih aniti priksa ||

33. kya patih sandika mentar | praptèng bacira kapanggih | lawan manggalaning ditya | Kala Pragalba wêwangi | tinanya wosing gati | lawan sangkanparanipun | ditya mangsuli sabda | ran Pragalba saking nagri | Batareta dinuta ing ratunira ||

34. Sang Prabu Kala Drêgôngsa | angaturakên kintèki | katur

--- 19 ---

Sri Karêntagnyana | ing Tasikmadu nagari | duk wus pratela titi | duta kèrid ngarsèng prabu | patih matur ing nata | wigatining ditya prapti | lan nuwala wus katur ring sri narendra ||

35. kang pustaka tinupiksa | surasaning sastra titi | aminta putrining nata | Sang Rêtna Citrawarsiti | dene yèn sri bupati | tan ngulungkên putrinipun | duta wus dhinawuhan | ing Tasikmadu nagari | kinèn numpês dinadèkna karang abang ||

36. satamating panupiksa | sêrat gya pinaringkên mring | putra Dyan Citrawarsita | lawan angandika sang sri | kulup wacanên iki | yèn sira uwus sumurup | surasaning supatra | duta wangsulana nuli | sakarsanta ingsun pasrah maring sira ||

37. atmendra nampèni nwala | sigra tinupiksèng galih | dèrèng dumugi gènira | nupiksa kasêsa runtik | sêrat sigra sinêbit | wadana brit sumung-sumung | tandya mangsuli sugal | hèh duta tutura maring | ratunira dènnya minta sang surêtna ||

38. sudarane tan ngulungna | ya ingsun prabu taruni | yèn sira tambuh maringwang | Citrawarsita wêwangi | kang kasup sura sakti | tate analikung diyu | mocok murdaning ditya | kang kaya warnanta anjing | lamun sira mêksa mundura ing jaba ||

3. Durma

1. payo ngadu kaprawiran lawan ingwang | yèn sirarsa ngayoni | buta anggalathak | calak angingkrak-ingkrak |

--- 20 ---

baya tan kulak pawarti | lamun sang rêtna | darbyari dibya sakti ||

2. Dityakala Pragalba ngadêg kadgada | sarwi muwus mawêngis | babo abanira | kaya lanang priyôngga | kene majua dèn aglis | yèn sira arsa | nyoba kadibyan mami ||

3. narpaputra nabda hèh Kala Pragalba | aja kakehan angling | nuli amêtua | ing alun-alun kana | sabudimu ngong kêmbari | Kala Pragalba | kalepat mêdal jawi ||

4. praptèng jaba ngawe wadyabalanira | sarwi dèn sasmitani | yèn pamintanira | sang putri tanpa karya | kudu rinêbut ing jurit | wadya danawa | tan tlangke ambyuk wani ||

5. gugup samya wadya mantri kang sumewa | lumawan anadhahi | agagah tumanggah | panggah cêngkah-cinêngkah | okol-okol gantya kongkih | gagah kagehan | rok bôndawala pati ||

6. sri narendra laju jêngkar ngênyapura | mêsu pudya samadi | mêmintèng jawata | sirnaning mungsuh ditya | kya patih lan narpasiwi | myang pra nararya | mêdal nganjuri jurit ||

7. wadya rucah maksih rukêt mawurahan | caruk wor gantya kanin | kèh kantu kantaka | kênèng limpung sarampang | tarung pêdhang ting carêngkling | dugang-dinugang | ulêng ganti kaguling ||

8. lêbu kolêk malêdug mangampak-ampak | pêtêng manampêk rai | riwut tan wruh rowang | buta butêng nirbita | mungsuh mêngsah kèh ngêmasi |

--- 21 ---

sisaning pêjah | samya ngungsi ing wuri ||

9. pra nararya lumawan mangsah mangarsa | wadya wil mangêmbuli | gêlar anggêgila | solah lir singalodra | milar nubruk nganan ngering | anggro goraya | gêrêng sru gêgirisi ||

10. pra nararya tan miris ngangsêg rumangsang | mawa lêmbing suligi | marwasèng rasêksa | ngêsuk tan sita-sita | buta tahan anadhahi | dhasar wantala | kalis ing braja luwih ||

11. narpaputra mulat lêgêtaning yuda | buta katon sinakti | tan pasah tinaman | ing gêgamaning yuda | uwasing tyas wusana nis | saking payudan | sêdyarsa angupadi ||

12. sraya ingkang sinakti ciptaning driya | arsa mring Gôndamayi | panggih Sang Prêmadya | pininta pitulungan | kinèn monah satru sakti | duk wus sambada | sêdyaning driya nuli ||

13. nilip mangkat priyôngga lêpas lampahnya | pra wadya tan udani | dene ingkang yuda | maksih dêdrêg tan ana | ingkang anêdya ngunduri | gênti marwasa | gênti titih-tinitih ||

14. ênêngêna ingkang lagya andon yuda | ing pasetran ginusthi | Sang Arya Prêmadya | ingkang lagya rumêksa | ing raka kang dèrèng lair | saking bungkusan | tyasnya dahat rudatin ||

15. dening dènnya tan pasah saliring braja | paran puwarèng wuri | yèn manggung mangkana | marma Sang Arya Parta | kuwur kewraning pamikir | têmah kawangwang | sangêt nawung wiyadi ||

16. Lurah Sêmar sumêrêp sumuk ing netya | marêk mangimur mamrih |

--- 22 ---

lêjaring bandara | matur aris mêmarta | dhuh radèn paran kang dadi | darunèng tikbra | têka minggu tan angling ||

17. ngandikaa gusti dhumatêng pun uwa | prawitaning rudatin | bokbilih kawula | sagêd atur pamanggya | kang dadya usadèng kingkin | saking kupiya | lêlakyan nguni-uni ||

18. Dyan Prêmadi nulya aris angandika | uwa marmèng ngong kingkin | tarlèn mung gon ingwang | ngrasakkên bêbungkusan | paran wusanane benjing | apa kang dadya | margane bangkit mijil ||

19. wit tan pasah sakathahing kang gêgaman | mêsakakên yèn kongsi | kasuwèn tan luwar | iba susahing driya | jêng rama lan ibu dening | mèngêt atmaja | gumlundhung nèng wanadri ||

20. Lurah Sêmar matur malih angrêrêpa | dhuh dhuh bandara mami | dèn sarèh ing karsa | sampun sadaya-daya | pinintaa ing dewadi | lawan sarônta | winantu ing prihatin ||

21. sariratri pinuja sinidhikara | ing môntra pangastuti | lamun makatêna | kados tantara lama | Hyang Sidajati marêngi | paring tulungan | luwaring jabang bayi ||

22. yèn paduka tan arsa mintèng jawata | inggih lêhêng suwawi | kondur dhatêng praja | matur kangjêng ramanta | Dyan Prêmadi nabda malih | uwa manira | datan mantuk ing nagri ||

23. lamun durung antuk pitulunging dewa | Petruk nambungi angling | gumun kula dara | wujude bêbungkusan | katingalan sabên ari | mindhak gêngira |

--- 23 ---

baya isi rasêksi ||

24. yèn lêstari sabên dina mindhak-mindhak | benjang punika bangkit | gêng sagunung anak | saya botên kêpenak | anggêgilani wong urip | yèn rêmbag kula | kados langkung prayogi ||

25. tinilara wontên ing ngriki kewala | dimèn amor mêmêdi | nunggila sabôngsa | brêkasakan ing wana | Nala Garèng anyêdhaki | lan ngêmak-êmak | Petruk kang tak erami ||

26. ing saiki saya atos kaya sela | baya ta isi wêsi | dyan bungkus sakala | gêrêng swara goraya | gumalêgêr gêgêtêri | Garèng sru kagyat | jumbul lumayu gêndring ||

27. Petruk ambruk angêbruki Lurah Sêmar | gêgêre dèn tunggangi | Sêmar mêgap-mêgap | bêngok-bêngok sêsambat | sarwi angujar-ujari | Petruk wong edan | klunyatan kaya bajing ||

28. Dyan Arjuna mèsêm sajroning wardaya | kasaru ingkang prapti | Dyan Citrawarsita | sampun lênggah satata | kalawan Arya Prêmadi | dyan tinakenan | nama sangkaning wuri ||

29. lawan paran ingkang sinêdya ing karsa | prapta ing Gôndamayi | sang prapta mêmarta | yayi mas Arya Parta | kula ingkang abêbisik | Citrawarsita | atmajèng sri bupati ||

30. Sang Karêntagnyana Tasikmadu praja | mila prapta ing ngriki | sowan ing paduka | wontên wigatinira | lamun kapanujwèng galih | kawula arsa | aminta wilasasih ||

--- 24 ---

31. darunanya makatên kang môngka purwa | sudaramba pawèstri | kusumaning pura | woding tyas ibu rama | nama Dyah Citrawarsiti | arsa ginarwa | maring sang rêksasaji ||

32. Batareta jêjuluk Kala Drêgôngsa | kula tan nayogyani | sang rêksasa raja | krura ngrabasèng kitha | wadya Tasikmadu nagri | nanggulang ing prang | nanging tan migunani ||

33. kathah ingkang samya pêjah kasulayah | dening pra danawa wil | samangkya maksih prang | nanging kula sumêlang | bokmanawi bêbayani | jêng rama nata | mangkya dahat rudatin ||

34. myang kakang bok kalangkung rudah ing driya | wêwangsonirèng galih | yèn praja kabêdhah | dening raksasa krura | amung arsa nganyut lalis | jêng ibu uga | arsa tumamèng agni ||

35. mila kula lajêng anglès saking praja | sowan paduka mriki | minta pitulungan | mugi yayi karsaa | angrêntahna wilasasih | nirnakkên mêngsah | yèn wus samya basuki ||

36. nagri Tasikmadu kasrah ing paduka | Sang Parta duk miyarsi | wuwus mêlasarsa | sakala sinagahan | dyan samya mangkat lumaris | parêpat tiga | tan kari wun umiring ||

37. tan antara wus samya praptèng bacira | Tasikmadu nagari | ingkang andon yuda | maksih rame tan ana | ingkang anêdya ngunduri | nging wadyabala | Tasikmadu kaèksi ||

38. sampun kathah ingkang sami kaprawasa | dene para rasêksi | datan kalonglongan |

--- 25 ---

marma para rasêksa | sangêt sukaning tyas ngênting | tansah sêsurak | swara sora ngajrihi ||

39. wadya Tasikmadu sru kêkês ing driya | ngrasa arsa katitih | mung rêkyana patya | durung mêtu ing rana | maksih baris ing sitinggil | nanging wus uwas | anon mungsuh sinakti ||

40. Dyan Prêmadi lan Arya Citrawarsita | duk miyat pra prajurit | Tasikmadu samya | arsa kasêsêr ing prang | saksana mangsah mangarsi | marwasèng ditya | amung kalawan kêris ||

41. singa ingkang kataman kèh kaprawasa | ditya awas ningali | maring rowangira | akèh ingkang palastra | dening satriya kêkalih | sakala bubar | mire mlayu mring wuri ||

4. Pangkur

1. dityakala Pragalba tumingal |Lebih dua suku kata: ditya Pragalba tumingal. wadyanira samya sar-saran ngisis | myang akèh kang samya lampus | krura mangsah saksana | praptèng rana panggih Arya Pandhusunu | Pragalba asru têtanya | sapa kang nèng ngarsa mami ||

2. bagus alus tumaruna | mung kuciwa tanpa daya sirèki | êndi rupane kang ngaku | sudira jayèng laga | Arya Citrawarsita kang kumalungkung | angukuhi sang lir rêtna | pacangane gusti mami ||

3. paran mêngko tan katingal | lagi apa tan mêtu ing ajurit | baya amung umbak umuk | toging rana ngucira | Arya Parta alon amaluyèng wuwus | hèh rêksasa aywa ungas | takon kang datan kaèksi ||

4. ingsun bae ladènana | layak sira nora

--- 26 ---

kuciwa ing ati |Lebih satu suku kata: layak sira nora kuciwèng ati. dene yèn sira tumambuh | ingsun Arya Prêmadya | Arya Parta: Dananjaya: Pandhusunu | ingsun panêngah Pandhawa | iya ingsun Endrasiwi ||

5. sarayane sri narendra | Tasikmadu Sang Krêtagnyanapati | pinrih munah ditya ripu | kang krura puwa-puwa | minta putri kusumaning Tasikmadu | baya ingkang kaya sira | payo buta nuli jurit ||

6. guguk Sang Kala Pragalba | nora kaya wong Tasikmadu iki | baya kabèh padha wandu | tan ana wonge lanang | pêpêrangan durung sabanyon wus luru | saraya wong seje desa | tan ketang olèh bêbayi ||

7. binubuhan andon yuda | mungsuh ditya sudibya sura sakti | têkaning ranangga amung | umuk mintokkên aran | kongsi pating calêning pating cêngkênuk | kaya bocah dêdolanan | nora nana kang ngrewangi ||

8. Sang Parta malih ngandika | buta uwis aja pijêr cariwis | payo age nuli pupuh | apa kadayanira | wêtokêna dèn kongsi katon gêndhingmu | Kala Pragalba kabranang | Parta tinubruk ngendhani ||

9. Pragalba kêrungkêp tiba | tangi krura anggro grêng gêgirisi | lir singalodra manaut | Parta milar mangiwa | lan manapuk raining ditya sumaput | niba ing kisma kantaka | kasilir ing maruta ris ||

10. tangi maning sru kabangan | gora sabda hèh babo Prêmadi |Kurang satu suku kata: gora sabdanya hèh babo Prêmadi. tan nyana yèn sira têguh |

--- 27 ---

wong gêdhe anggang-anggang | têka prigêl ing alaga luwih ampuh | lumpate kaya kêkilat | tan kêna dèn parêpêki ||

11. tinon ing netra katingal | yèn pinusthi sasat marwasa angin | nanging ingsun durung gumun | mibêra lir branjangan | anggêr misih kadulu ing netraningsun | ya môngsa wurunga sira | kacandhak ing asta mami ||

12. hèh Prêmadi aja girang | lah majua wong bagus dèn agêlis | Parta jlêg wus anèng ngayun | sinaut datan kêna | milar nganan sinêsêg sinaut mrucut | ditya garêgêtên ing tyas | kot krodhanggro ngêsuk wani ||

13. Parta wruh sêmuning netya | yèn Pragalba gêmês sajroning ati | gya nyarèhkên solahipun | api-api kapêlak | wus tinubruk ing ditya têmah kapikut | Pragalba sru girang-girang | gumuyu sêsumbar atri ||

14. hèh budia Si Prêmadya | bayi bungkik arsa ngayoni mami | ing saiki antakamu | pasthi rêmuk ing kisma | dyan binanting cinandhak binuwang sêbut | kombuling tawang Sang Parta | têkèng doh tiba ing siti ||

15. ngadêg datan dadi ngapa | Lurah Sêmar gupuh marpêki nangis | Dyan Citrawarsita wêruh | Parta kabuncang tawang | krura mangsah Pragalba tinapuk ambruk | tangi krura winga-winga | wruh narpaputra nèng ngarsi ||

16. dyan ginêtak katut kontal | tiba têbih kantêp kantakèng siti | wadyanya gugup angrêbut | narpatma ginosongan |

--- 28 ---

Sêmar maksih nangisi nèng ngarsanipun | Sang Parta sarwi sêsambat | dhuh lae bandara mami ||

17. baya sangêt kasakitan | dening dhawah kantêp saking wiyati | katara mênêng anjêtung | dhuh lae bandarèngwang | sampun susah yèn lagi kasor ing pupuh | ywa suka yèn mênang yuda | sampun wiyah ing prajurit ||

18. gênti kasor gênti mênang | nging paduka sampun cinêthèng wangsit | tan kasor prang lawan diyu | jêr paduka kawêca | benjang Bratayuda lananging apupuh | awit karsaning bathara | paduka ingkang piniji ||

19. ambaboni nata Jawa | turun-tumrun praptèng Pajang Matawis | tan liyan saking turunmu | mila sampun sungkawa | Sarotama warastra pamonah ripu | tamakêna dipun kêbat | Sang Parta dupi miyarsi ||

20. pangimuring Lurah Sêmar | mèsêm muwus uwa wuwusirèki | ngong arsa mijèni ratu | talatah nungswa Jawa | kongsi têkyan ing Pajang Mataram besuk | apa kêna kaugêman | benjang nora madal sumbi ||

21. Sêmar suka guywalatah | kenging pisan anggêr lulus prihatin | lan lulus budi rahayu | winantu tapabrata | lawan awas eling ing tyas tan kalimput | mêlêng dèn ta mangèstawa | ing jawata kang linuwih ||

22. Parta suka jroning driya | apuwara alon ngandika malih | kakang êndi panah ingsun | pamunah ripu arda | ngong panahe danawane dimèn lampus | warastra katur [ka...]

--- 29 ---

[...tur] Sang Parta | Sêmar kinèn anyumbari ||

23. Sêmar sigra asêsumbar | buta aja girang-girang sirèki | tingalana bêndaraku | misih brêgas jênthara | malah ngasta jêmparing pamunah ripu | pacangane gulunira | tan wurung pagas babarji ||

24. Pragalba duk sinumbaran | ngungun ing tyas Parta durung ngêmasi | dyan mangarsa awas dulu | Prêmadi mênthang langkap | nabda sora hèh babo wong bagus lurus | sira ngêmbat-êmbat laras | pêsatên ingsun tan miris ||

25. yêkti ngong tadhahi dhadha | Sang Prêmadi buta dulunên iki | laraping warastraningsun | môngka sopanantaka | panguntapan praptèng papan yahmanimu | kang warayang wus lumêpas | angênani jangganing wil ||

26. gulu pêdhot êndhas tiba | ing bantala Pragalba wus ngêmasi | ditya wadya dupyandulu | Pragalba matyèng rana | ambrol bela ngambali berawa ambyuk | bayak iyêk ambêg pêjah | wadyakoswa Tasikmanis ||

27. manasi mangsah mangarsa | tyas tan uwas kuwanènira pulih | wit mèngêt Sang Pandhusunu | kèksi surayèng laga | pantês dadya manggalèng prang agul-agul | duk têmpuh lan wadya ditya | rame ukêt okol ungkih ||

28. Sang Parta dupi tumingal | wadya Tasikmadu mêdali malih | wadya ditya ambêk lampus | katon sami suranya | Sang Prêmadi owêl bok wong Tasikmadu | akèh kang sami katawan | muwah kang anandhang kanin ||

--- 30 ---

29. sigra angayat warayang | sinangenan panah mêtyangin-angin | mêsês bayu bajra nêmpuh | mungsuh diyu danawa | sanalika sirna kabuncang ing lesus | padhang madyèng pabaratan | suka wong ing Tasikmanis ||

5. Dhandhanggula

1. sasirnaning kang mêngsah rasêksi | Radyan Citrawarsita wus waras | dyan marpêki Sang Pamade | dhuh yayi Pandhusunu | iba-iba sukaning galih | ramanta sri narendra | myat sirnananing diyu |Lebih satu suku kata: myat sirnaning diyu. suwawi marêk ing ngarsa | tur pratela ing rama sri narapati | Sang Parta tan lênggana ||

2. sampun kerit ing ngarsa sang aji | radyan kalih sami ngaras pada | nata nabda mata kapèn | kulup sapa rowangmu | satriya nom luwih pinêkik | narpatma matur nêmbah | dhuh jêng sang aulun | punika Arya Prêmadya | putranira Narendra Ngastina nagri | kang lagya nèng pasetran ||

3. wana Krêndhawahana nênggani | kadangira ingkang bêbungkusan | praptaning ngarsendra mangke | saking panuwun ulun | duk ramening mungsuh rasêksi | kang arsa marawasa | nagri Tasikmadu | wadya nata kaprawasa | tan anôngga kruraning mêngsah rasêksi | sami sura sudibya ||

4. amba mlajêng maring Gôndamayi | minta sraya putranta Sang Parta | puwara kaparêng tyase | duk praptèng Tasikmadu | laju nêmpuh punang ripu wil | danawa sirna gêmpang | tanpa kawal-kiwul | ing mangke kauningana | jêng paduka sri narendra amiyarsi | aturnya sang narpadma ||

--- 31 ---

5. dahat suka karênan ing galih | ing wusana arum angandika | dhuh nak ingsun kalingane | sira kang sung pitulung | ngusadani duhkita mami | bangêt panarimèngwang | ngong pintèng dewa gung | muga benjang Bratayuda | sira kulup bangkita lananging jurit | lulus mêngku Ngastina ||

6. Arya Parta umatur kapundhi | sabda nata mugi Hyang Wasesa | nambadèng karsa pamase | aliya kang puniku | amba minta wilasèng aji | gêgaman kang sayogya | môngka srananipun | mêcah punang bêbungkusan | sampun lami sinetra nèng Gôndamayi | saklangkung mêlasarsa ||

7. nata nabda hèh anak Prêmadi | wruhanira tan ana gêgaman | kang bisa amêcahake | kadangira kang bungkus | kumpulêna gaman sabumi | kabèh nora tumama | sarèhna nak ingsun | luware kang bêbungkusan | tarlèn saking pitulunging jawatadi | mung kurang sawatara ||

8. Dyan Prêmadi marêm ing tyas nuli | minta amit wangsul ing pasetran | kalilan nêmbah lumèngsèr | praptèng jawi wus laju | arsa wangsul mring Gôndamayi | parpat tiga tut wuntat | lêpas lampahipun | tan antara gara-gara | rêg gurnita arga rug bantala gonjing | suwarga kagegeran ||

9. Sri Narendra Tasikmadu wingwrin | ngunguning tyas nulya ngênyapura | praniwa bubaran kabèh | kocap ing swarga agung | pra apsari apoyang-paying | kayangan iyung-uyang | jawata

--- 32 ---

wulangun | dening gênging gara-gara | Sang Hyang Guru Hyang Nrada myang Dyah Umayi | samya apagunêman ||

10. munggwing mèru padmasana manik | Sang Hyang Girinata lon ngandika | kakang Nrada paran mangke | gara-gara gumuntur | karya gègèr ing Suranadi | paran darunanira | kula minta wêruh | Hyang Nrada gumuywanabda | kalingane paduka dangu kang dadi | darunèng gara-gara ||

11. sosiking rat yêkti tarlèn saking | atas tarsèng yayi Girinata | ebahing buwana kabèh | bumi baruna mêndhung | bayu bajra myang angin-angin | teja kuwung wangkawa | muwah lunglung lumung | kang gumrêmêt kang rumangkang | kang kumlêndhang kang gumêbyar kang cumêngkling | atas tarsa paduka ||

12. botên kenging yèn paduka kikib | dadak dangu dhumatêng pun kakang | sungsang buwana namane | malah ta sowan ulun | nyadhong dhawuh karsanta yayi | paran sarananira | panyirêping lindhu | wit lamun dèn kèndêlêna | yêkti karya rêntênging titah sakalir | yogya nuntên binirat ||

13. Sang Hyang Guru mèsêm nabda malih | lêrês kakang kados andikanta | makatên ing kajatène | panduking karsa sèstu | atas saking pangrasa jati | rumagang sêsarêngan | jawi nglêbêt jumbuh | marma nadyan kakang Nrada | inggih botên kenging kêkilapan kêdhik | kêdhaping lêlampahan ||

14. kêdah sarêng among nguningani | Sang Hyang Nrada gya gumujêng latah | yayi Guru angarèkèl | botên [bo...]

--- 33 ---

[...tên] karsa kabubuh | ajêg amung bêbahkên mami | Dèwi Uma ngandika | lêrês Sang Hyang Guru | kêdah mawi lêlandhêsan | marma kakang nuli matura kang dadi | darunèng gara-gara ||

15. Sang Hyang Nrada gumujêng saryangling | kula kawon rèhning kinalihan | dhuh adhi Guru marmane | gara-gara gumuntur | titah tuwan pun Pandhusiwi | kang mijil bêbungkusan | wus antara dangu | sinetrèng Krêndhawahana | ing mangkya duk diwasa adarbe osik | rumôngsa yèn wus gêsang ||

16. sinupêtsinumpêt. ing nèng bêbungkus lami | têmah mêsu budya amêminta | luwar saking bungkusane | saking rosèng pamêsu | karya orêg buwana gonjing | mangkya tarlèn paduka | kang kawasa angsung | luwar saking bêbungkusan | Sang Hyang Guru rênaning tyas ngandika ris | kakang mangke karsèngwang ||

17. kakang mangkya tumuruna maring | ing pasetran kanthia sutanta | liman Gajahsena dimèn | mêcah punang bêbungkus | Gajahsena wus dèn timbali | marêk ing ngarsa nulya | dhinawuhan sampun | lir karsèng Hyang Siwahbuja | Sang Hyang Nrada lan Gajahsena tumuli | pamit kalilan mangkat ||

18. tan antara praptèng Gôndamayi | Gajahsena sampun dhinawuhan | amêcah bêbungkusane | Gajahsena wus maju | bêbungkusan sigra ginadhing | wola-wali tan pasah | Gajahsena ngungun | mêta angêtog karosan | bêbungkusan saksana malih ginadhing |

--- 34 ---

pêcah Sang Gajahsena ||

19. sirna muksa wus datan kaèksi | bayi lair sampun cêcawêtan | garegah tangi tandange | lir arsa magut pupuh | asambada slira gêng inggil | gagah kuning balengah | dupi andêdulu | wêruh Hyang Kanekaputra | nèng ngarsanya gupuh dènnya marêpêki | sarya sora têtanya ||

20. hèh wong tuwa sapa ta sirèki | lawan ingsun sapa kang yêyoga | muwah paran darunane | sun nèng madyèng wana gung | Hyang Kaneka gumujêng angling | ingsun Sang Hyang Narada | dinuta Hyang Guru | angluwari jênêngira | purwa madya wusana ingkang sêsiwi | winarahkên sadaya ||

21. sarta sampun sinungan wêwangi | nênggih Radyan Arya Bratasena | kinèn mring Ngastina age | Bratasena mituhu | wus kalilan mangkat tumuli | sapêngkêrnya Sang Sena | bungkusan kinukup | mring Sang Hyang Kanekaputra | dyan binêkta mring nagari Banakêling | sinèlèh sela gilang ||

22. mangkya gantya kang winarnèng tulis | nagri Banakêling cinarita | kang madêg nata juluke | Sri Sampani Sang Prabu | lagya sangêt nandhang kêkêling | dening ginubêl marang | pramèswarinipun | Dèwi Nandi mintatmaja | sri narendra lêng-lêng anis saking puri | mumbul gayuh gêgana ||

23. miling-miling lir ulung tumiling | samantara wruh teja gumilang | kalêrês nèng saluhure | sela gêgilang laju | pinarpêkan ana kaèksi | sumèlèh ing sêsela |

--- 35 ---

lir singêb ngalumpruk | anulya sinidhikara | kang bêbungkus sakala wus dadya bayi | cêngèr-cêngèr karuna ||

24. dyan binêkta mêsat ing wiyati | laju kondur tumamèng puraya | bayi wus pinaringake | mring garwa sang rêtnayu | sang dyah sangêt sukaning galih | bayi nulya dinusan | tirta marta laju | pinuja sinidhikara | sanalika dadya jêjaka pinêkik | tinêngran Tirtanata ||

25. nahên ingkang winursita malih | lampahira Arya Dananjaya | lan pra parpat katigane | wus praptèng dunungipun | raka radyan bungkus ananging | bungkusan wus tan ana | Dyan Prêmadi ngungun | lêng-lêng lalu ingulatan | analasak madyaning wana tan panggih | duk rèrèn sor kêkaywan ||

26. Garèng nangis sukunira sakit | bubul wuta kabêntus ing sela | wuwuh wêtêngira luwe | nêpsune ngaru napung | angalesot soring kusambi | ngiyêng sarwi sêsambat | adhuh biyung tulung | bubul lara wêtêng lupa | gulu salit awak kêkês mata arip | Petruk disambêr gêlap ||

27. Parta nabda Petruk priye kuwi | Nala Garèng nangis ngaru-ara | anyalêmong angêngame | tibaning pada jêbul | sira ingkang dèn uring-uring | mau luputmu apa | wangsulana gupuh | dimèn mari nora ngromyang | Petruk matur dara lugune pun bungkik | botên nosotkên kula ||

28. gih paduka kang dipun nêpsoni | nanging ajrih dèn dhawahkên [dhawahkê...]

--- 36 ---

[...n] kula | kala wau raosane | dara ingkang kaliru | gone ngluru kadange bayi | kang misih bêbungkusan | dèn ubrêsa kêmput | jroning alas tarataban | iya môngsa kêtêmua amarga wis | minôngsa brakasakan ||

29. têmbung mokal yèn misiha urip | bayi ngênthang-ênthang ana ngalas | amasthi bae wus jidhèt | mêngko mêksa linuru | golèk lara jênênge iki | iya lamun kang slira | besuk lamun kondur | ana ingkang mulasara | dèn rêrêngga sare kasur dèn kêbuti | sêlire pitung dasa ||

30. balik kaya awak dekèng iki | ana ngalas sasat dèn pilara | sabên dina kaya ngene | dèn ajak nusup-nusup | anèng alas tan dèn pakani | lara-lara pinêksa | besuk yèn wus mantuk | cadhonge gur sêga abang | gabah arang lombok ijo balur kêcing | bêgjane mung lorodan ||

31. bangêt gone niaya wong cilik | nora wêlas lan sapadha-padha | kêpriye uripku kiye | makatên kalawau | wontên wingking dènnya drêmimil | Arya Parta duk myarsa | ature pun Petruk | wêlasing driya kalintang | dyan ngandika Nala Garèng aja nangis | srantèkna sawatara ||

32. besuk lamun wus mulih ing nagri | anganggura kongsi têlung warsa | aja milu nyambut gawe | mangana turu nganggur | lawan Petruk dèn padha mukti | mangana sêga pêthak | lawan iwak [iwa...]

--- 37 ---

[...k] kuthuk | kalawan padha rabia | amiliha pawongan lan para nyai | kang dadi sênêngira ||

33. Nala Garèng mênêng dènnya nangis | tangi jogèt lawan ura-ura | Petruk sênggak mèlu jèngklèk | kasaru rawuhipun | Radèn Arya Sena marpêki | ari Sang Arya Parta | arsa minta wêruh | marganya praptèng Ngastina | Parta tanggap nauri wacana aris | ingsun arsa wêwarah ||

34. marganira mring Ngastina nagri | anggêr sira arsa apêpajar | nama lawan pinangkane | muwah sêdyaning kayun | arsa maring Ngastina nagri | sira arsa punapa | Bratasena muwus | ingsun Arya Bratasena | iya Radèn Bungkus sutèng narapati | Sri Pandhu Dewanata ||

35. kang sinetrèng wana Gôndamayi | mangkya luwar saking karsèng dewa | marmarsa marêk ngarsane | jêng rama Prabu Pandhu | nata dibya Ngastina nagri | nging tan wrin marganira | kang praptèng praja gung | mêngko yèn lêga tyasira | tuduhêna prênahe Ngastina nagri | ngong trima trus ing driya ||

36. Arya Parta dupi amiyarsi | pêpajare Arya Bratasena | Sang Parta sru sukèng tyase | sigra angrangkul suku | sarya matur amêlasasih | dhuh kadang kula wrêda | kang kawula ruruh | kawula ari paduka | pun Prêmadi kang dhèrèk mring Gôndamayi | purwa madya wusana ||

37. lêlakone wus tinutur sami | ingkang raka sakalangkung suka | wusana lon ngandikane | mêngko [mêng...]

--- 38 ---

[...ko] rèh wus rahayu | payo mulih lan sira yayi | maring nagri Ngastina | sowan rama ibu | Sang Parta matur sumôngga | nulya mangkat Arya Prêmadi pinurih | lumampah anèng ngarsa ||

38. kawuwusa kang apacak baris | pra Kurawa putrèng GajahayaGajahoya. | gung angginêm wigatine | dènnya kinèn angruruh | gêgaman kang luwih utami | wus lami dèrèng angsal | tyas sru kapirangu | dyan kasaru wontên wadya | tur uninga lamun Sang Arya Prêmadi | langkung ing wanawasa ||

39. amung kanthi parpatira katri | pra Kurawa sru sukaning driya | nulya pinarpêkan age | sumêdyarsa pinikut | riningkês nèng madyèng wanadri | Parta sampun kinêpang | Bratasena rawuh | atanya darunanira | têka Parta kinêpung lir manggih sisip | Sêmar majêng mêmarta ||

40. dhuh bandara satriya puniki | pan sadaya putrane wakira | Dhêstharata darunane | arintarsa linampus | awit Arya Dhêstha tan pinrih | jumênêng naradipa | dening anandhang puh | netra wuta alit mila | milanipun mring putrane Pandhu sami | mingut-mingut kewala ||

41. sumlanging tyas bok kalajêng sami | anak Pandhu amêngku Ngastina | mila yèn mêncil binêncèt | Bratasena duk ngrungu | gya malêlêng capêng malangkrik | sigra asru ngandika | hèh Kurawa lamun | sira arsa amarwasa | anak Pandhu majua barêng dèn aglis | ingsun môngsa mundura ||

6. Durma

1. pra Kurawa

--- 39 ---

sami kêjèp-kinêjepan | sigra barêng ngêbyuki | mring Sang Bratasena | rinêjêng kinathahan | ana nyikêp saking wuri | saking ing ngarsa | ana kang ngrangkul sikil ||

2. wênèh ana nyêkêl tangan kering kanan | Sang Bratasena pinrih | rêbaha ing kisma | nulyarsa pinilara | nanging Sena tan gumingsir | krodha sakala | kang nyêkêl asta kering ||

3. kinipatkên tibèng têbih kapalêsat | kang nèng kanan tumuli | kinipatkên sigra | tibèng doh kapalênggak | kang anyikêp suku wêntis | kinarya jangkah | katut kasingsal têbih ||

4. pra Kurawa kang kalaran asar-saran | kang waras marêpêki | samya amarwasa | srampang limpung lugora | nging sira Sang Bayusiwi | têguh wantala | kuwat lir gunung wêsi ||

5. pinupuh ing papah myang kadêbok pisang | nora paja ngundhili | singa ingkang cêlak | dhinupak sru kalênggak | ingkang kacandhak binanting | ana binuwang | tibèng doh nora bali ||

6. Dursasana krura mangkrak amangarsa | mojar mawinga wêngis | hèh hèh Bratasena | têka kagila-gila | solahira ing ajurit | durung kewala | katanggor kang prêmati ||

7. kaya ingsun sanadyan padha Kurawa | Dursasana piniji | êlasing Kurawa | gagah sarwa sambada | widikdaya sura sakti | lah antènana | lamun kêni sun kêmpit ||

8. yêkti pêpês ya môngsa bisoa polah | Bratasena [Bra...]

--- 40 ---

[...tasena] sru angling | ya kene majua | aja kakehan swara | Dursasana ngrangsang wani | wus tinadhahan | arsa napuk tinangkis ||

9. nora kêna sigra acandhak-cinandhak | sêndhal-sinêndhal yêkti | adugang-dinugang | adangu drêg-udrêgan | Dursasana kapaliring | kêna jinambak | tinungkulakên siti ||

10. dyan dhinupak êndhase tiba kalênggak | tangi lumayu gêndring | Petruk atrangginas | nututlinututi. anèng wuntat | cinandhak koncane kêni | sru ginondhelan | Dursasana anolih ||

11. duk uninga Petruk kang gondhèli kunca | sigra dipun têmpiling | Petruk kalayaban | nanging maksih gondhelan | dadia tarik-tinarik | Sang Dursasana | narik dèn culkên nuli ||

12. Dursasana atêmah tiba kalumah | Petruk gumuyu bêlik | tangi Dursasana | Petruk arsa cinandhak | endha lumayu anggêndring | Sang Dursasana | lumajar sipat kuping ||

13. pra Kurawa dupi wêruh Dursasana | mlayu tan tolih wuri | kabèh mèlu bubar | Sangkuni asasmita | kinèn lajua amulih | mring Gajahoya | Kurawa wus tan bali ||

14. Bratasena wus panggih lawan Arjuna | miwah parêpat katri | wus samya lumampah | arsa kondur mring praja | wuwusên Ngastina nagri | sang sri narendra | Dewanata Sang Aji ||

15. lagya lênggah lawan rama sang bagawan | Abiyasa sang aji | umatur [uma...]

--- 41 ---

[...tur] ring rama | dhuh dhuh rama sang dwija | paran puwaraning mangkin | wayah paduka | kang anèng Gôndamayi ||

16. lami dèrèng luwar saking bêbungkusan | yêkti sangêt mlasasih | gih benjang punapa | luware wayah tuwan | Abiyasa ngandika ris | dhuh putraningwang | Pandhu Dewanataji ||

17. sarantèkna babo kulup ywa kasêsa | kaya ari puniki | praptèng mangsanira | luware tanayanta | dèrèng kèndêl dènnya sami | imbal wacana | kasaru ingkang prapti ||

18. Arya Parta sarêng lan Dyan Bratasena | muwah punakawan tri | laju ngaras pada- | nirèng eyang pandhita | lawan mring rama narpati | sang pinandhita | tandya manambrama ris ||

19. maring wayah Radèn Arya Dananjaya | dhuh wayah ingsun kaki | nêmu arja baya | dènnya nèng wanawasa | rumêksa kakangirèki | kang bêbungkusan | paran anane mangkin ||

20. lan satriya rowangira iku sapa | ingkang dhegus gêng inggil | Prêmadi manêmbah | lawan matur mêmarta | barkah paduka sang yogi | amba raharja | dene kang tumut nangkil ||

21. wayah tuwan wahanane bêbungkusan | saking karsèng dewadi | myang wus sinung nama | Dyan Arya Bratasena | laksitèng wana sakalir | katur sadaya | purwa wusana titi ||

22. sang bagawan miwah sang sri naradipa | dahat sukaning galih | myarsa aturira | Sang Arya Dananjaya | nulya sang sri narapati |

--- 42 ---

lan sang bagawan | jêngkar tumamèng puri ||

23. para putra nararya umiring samya | duk praptèng jroning puri | pan sampun pinanggya | lan ibu kalihira | winartan luwaring siwi | kasok sukèng tyas | yayah marwata siwi ||

24. paripurna panurating kang pustaka | marêngi Anggara ri | ping dwi Dulkangidah | masa kapat lumaksa | warsa Ehe dèn têngêri | nyatur dadinya | murtyèng atmaja titi ||Sengkalan: nyatur dadinya murtyèng atmaja (Anggara, 2 Dulkangidah 1844 A.J., 22 September 1914 A.D.).

"Boekhandel TAN KHOEN SWIE,-Kediri."

ADA TERBITKEN KITAB-KITAB:

507. Samadhie (Sie Lian) ke I ... f 1,50. | 507a. Samadhie (Sie Lian) ke II ... f 2,- | 548. Sjair Ilmoe Sedjati dan Natsehat ... f 0,80. | 686. Sjair Soesa dan Senang ... f 1,- | 517. Kitab Taij Hak salinan baroe ... f 0,50. | 518. Kitab Tiong Jong, salinan baroe ... f 0,60. | 604. Rasa panas dan Rasa dingin ... f 0,60. | 680. Kitab Hauw King ... f ... | 678. Sjair Pertjita’an birahi ... f 0,40. | 596. Toedjoeh Tjerita ... f 0,60. | 561. Wetboek van Strafrecht voor Ned. Ind ... f 4,-

BOEKOE BAHASA DAN HOEROEF DJAWA

8. ASMOROLOJO. Hanjaroisaken bab kaweroeh kasampoernan, piridan saking wasitaning goeroe-goeroe, hingkang sami hamedarakentekading kasidan, hing djaman kino langkoeng winados, sapoenika kawedaraken, mawi sekar motjopat ... f 0,75.

--- 43 ---

22. BABAT RASOEL. Hanjariosaken lelampahanipoen salalahoe ngoloihi wasalam, Goesti Kangdjeng Nabi Mohamad, wiwit timoer doemoegi soemiwinipoen hing pangajoenaning Hijang Moho Soektji ... f 0,60.

39. BOEKOE SEMBAHIJANG. Hamarsitakaken patrap pratingkah toewin wahosanipun tijang Sembahijang, mawi kinanten hing gambar 12 hidji, minongko pidedah satoenggal toenggaling woedjoed patrap, kadosto hadeg Roekoek, Linggih, sapanoenggalipoen djangkep soho maknanipoen pisan ... f 1,20."

"679. BABAT TOEBAN. Hanjariosaken sadjarahipoen poro boepati hing nagari Toeban, wiwit pandjenenganipoen Sang Praboe Bandjarsari, narendro binatoro hing nagari Padjajaran ... f 0,75.

680. BIMO BOENGKOES. Pakem bimo boengkoes hanggitanipoen M. Ngabehi Mangoenwidjojo, mawi kasekaraken ... f ...

41. DJIWANDONO. Dene serat Djiwandono wahoe, hanjariosaken babaring ngelmi kasampoernan, pipiridan saking serat warni-warni, jajasanipoen poro poedjonggo hing djaman kino, katjoendoekaken hakalijan poro soedjono hing djaman sapoeniko, ladjeng kagoebah kadapoer lampahing djawoto hangedjowantah ladjeng hanjepto kadaton tigang panggenan, mawi sinawoeng hing sekar motjopat, hing pangangkah soepedos saged hadamel sengsem hingkang karso noepikso. Regi ... f 2,-

69. DERMOGANDOEL. Hanjariosaken riringkesanipoen bedahing Modjopait, sarto bantahipoen Praboe Browidjojo kalian Sabdopalon, bab

--- 44 ---

Hagami Islam lan Boedho, saho doeboengipoen tjarakan sastro djawi, mawi sekar motjopat ... f ...

681. GALOEGO SALOESOERSARI. Dongeng mawi kasekaraken motjopat hanggitanipoen M. Ngabehi mangoenwidjojo hing wonogiri ... f ...

87. INL. GEMT. ORDONNANTIE. Wet doesoen perloe sanget kahoeningan poro kathah, langkoeng malih poro Kepolo doesoen, soepados hanjoemerepi kawadjibanipoen, kadospoendi lakoe djantraning paparentahaning doesoen hingkang dipoen karsakaken Kangjeng Paparentahan loehoer sapoeniko ... f 0,50.

91. KRIDOSASTRO. Piridan saking serat Poestokodarjo, mawi dentojwandjono, dados wedaran wahananing dat, hinggih patining sadojo hagami, toewin kaweroeh theosofie, kasekaraken ... f 0,30.

114. KRIDOHATMOKO. Serat poeniko petikan saking serat warni-warni, jasanipoen poro Nabi poro Wali, toewin hanggitanipoen poro Noto soho poro poedjonggo hing djaman kino, sami njariosaken kaweroeh kasampoernan, mawi sekar motjopat ... f 1,25.

116. KI KEBO KENONGO. Honjariosaken djamanipoen poro wali tanah djawi, rikolo sami hamedaraken ngelmi kasampoernan, sambetanipoen tjarios Sang Seh Sitidjenar, mawi sekar motjopat ... f ...

682. KAK KOEL ISLAM. Serat Wirit Kak Koel Islam, patining hagami Islam sadjati, soho nerangken sangkan paran ... f ...

684. KIDOENGAN. Tilaranipoen Kangjeng Soehoenan Kalidjogo ... f ...

--- 45 ---

578. MARGOJOEWONO. Hanjariosaken kawontenanipoen wanodijo hanggatbini, toewin pangoepokaranipoen hanggenipoen bade nglahiraken djabang baji ... f 0,60.

626. MARDITOMO. Hinggih poeniko wewarah hingkang medaraken roengsiding pangawikan djati, bab kasoenjatan patraping hoelah poedjo kalian hoelah prodjo. Karanganipoen soedjono hing djaman kino, mawi serat sastrosandiprawito ... f 1,25.

156. NITI SROETI. Serat Niti Sroeti poeniko hisi piwoelang warni2 hinggih kaweroeh lahir batas hanggitanipoen Pangeran Karang Gajam, Poedjonggo hing djaman padjang, kalebet Wali noebo (walianakan) kaweroehipoen taksih djawi deles, dereng ketjampoeran kaweroeh, sanes sahe kadamel tetimbangan kaweroeh sapoeniko ... f 1,-

693. NGELMI JATNOMOJO. Babaring nalar hingkang kangge pangloentoering rahos, soepados dadoso pepengeting manag peteng hingkang soemedio noesoeng dateng soenaring papadjar ... f 0,60.

166. PATI TJENTINI. Serat Patitjentini poeniko petikan saking serat Tjentini, jasan salem hingkang Sinoehoen Kangdjeng Soesoehoenan Pakoe Boewono hingkang kaping V. hing Soerokartohadiningrat, milo serat poeniko dipoen namakaken Patitjentini, hawit pametikipoen saking serat Tjentini hamoeng kapendet patinipoen kemawon, dene hingkang dipoen wastani patinipoen dene hingkang metik hinggih poeniko hingkang soerahosipoen hangewrat ngelmi kasampoeran, hingkang halalandesan saking hagami Islam, saking Saringat, Tarekat, Kakekat toewin Makrifat, soho hingkang boten marodjol saking dalil, kadis, idjemak kias toewin [toe...]

--- 46 ---

[...win] koekoedanipoen dateng Dat, Sifat, Asmo, Afngal, sampoen katoto djangkep wonten serat Patitjentini poeniko ... f ..."

"164. PRASIDO DJATI. Serat Prasidodjati poeniko hamarsitaken bab ngelmoe kaweroeh kasidan, kekeranipoen poro Djawoto toewin poro pandito hing djaman poerwo, hingkang tjoendoek kalian kekeraning hagami Islam, perloe sanget toemrap poro prijantoen hingkang marsoedi dateng ngelmoe kasampoernan, mawi kasekaraken motjopat ... f 1,25.

163. PASTIKOMOJO. Serat Pastikomojo poeniko kinging winastan serat talaboel ngelmoe, hanggitanipoen M. Ngabehi MAngoenwidjojo ... f 0,60.

162. POERWOKANTI. Serat Poerwokanti poeniko kalempaking temboeng hingkang sami hoelonipoen kawewahan patokanipun hamotjopat, masang sandisastro, karanganipoen M. Ng. Mangoenwidjojo ... f 2,-

628. PASTIKOWARNO. Serat Wirit Pastikowarno poeniko klempakaning tjarios hingkang hamedaraken doenoenging kasampoernan, sambetipoen serat Kak Koel Islam. ... f ...

625. PANITISASTRO. Poeniko tilaranipoen Bagawan Polosoro temboeng kawi, sampoen kadjarwakaken dening Sang Sridjojobojo, hisi piwoelang sahe ... f ...

581. PANDAMPRONO. Tedakan saking temboeng walandi bab ngelmoe machnetisme soho karanganipoen pangolahing badan (nglempakaken dajaning tjipto) ... f 1,50

--- 47 ---

683. PANITI BOJO. Serat Paniti Bojo tilaranipoen Panembahan Agoeng hing Ponorogo, sadojo wonten 176 bab, mawi kasekaraken motjopat ... f ...

580. SASTROHARDJENDROJOENINGRAT. Serat wirit tilaranipoen poro sepoeh hing djaman kino, hingkang sami ngoedi dateng ngelmi kasampoernan, kinanten gambar manoeso hingkang kadoenoengan sastra djawi Honotjoroko soho sapasanganipoen djangkep ... f 1,-

632. SASMITORAHARDJO. Serat Sasmitorahardjo maring sagoeng kang karso mangrantjang kapti. Hanggitan dalem hingkang Sinoehoen Kangdjeng Soesoehoenan Pakoeboewono Senopati Hingngalogo Ngabdoerahman Sajidinpanotogomo hingkang kaping IV. hing Soerokartohadiningrat ... f ...

249. SITI ROKANAH. Dengeng Siti Rokanah mawi tembang, hanggitanipoen M. Ng. Mangoenwidjojo, Mantrimidji hing Soerokarto, hing ngadjeng sampoen nate kawedalaken Tijdschrift Worodarmo, nanging kolo samanen dereng doemoegi, sapoeniko sampoen tamat.

250. SORO SEDIJO. Serat Sorosedijo noekilan saking serat warni-warni, tilaran poro sepoeh hing djaman kino, soho ladjeng kadapoer tjarios lelampahanipoen Djoko Takjin hanakipoen Ki Djiworogo, moelang prakawis hakikining kaweroeh dateng saderekipoen kakalih nomo Kasdoe kalian Takroel, hingkang keplasipoen dados ngelmoe tekat, kahanggit sekar motjopat dateng Raden Ronggo Wirowongso, hing Weltevreden (Redactie Volkslectuur)"

704. TJINGKORO DEWO. Hinggih poeniko woewoelangipoen patih Rodjo Soekarpo, hinggih Sanghijang Tjingkoro Dewo, naliko bade djoemeneng Notobinatoro, kenging kangge toetoeladan ... f ...

--- 48 ---

579. WEDOHAGOMO. Hanjariosaken poro saringating Kangdjeng Nabi Sadojo, piridan saking kitab bajanoedajan lan kitab kisaloelambijo ... f 0,60.

673. WEDOTOMO. Serat Wedotomo jasan dalem soewargi Kangdjeng Goesti Pangeran Hadipati Hario Mangkoenagoro IV, hing Soerokarto hadiningrat ... f 0,50.

674. WOROKARMO. Honjariosaken pepetikan saking sawarnining wawarah bab lampahing Karmo, mawi katjoendoekaken kalian pamanggihipoen poro sardjono hing tanah Europa, soho poro witjaksono hing tanah Hindoestan ... f 1,-

293. WEDOPOERWOKO. Hanjariosaken bab wosing ringgit poerwo, ladjeng kadjoemboehaken kalian delesing ngelmoe kasampoernan, noekilan saking soeloek-soeloek hoetawi saking wasitaning poro saged, hingkang hoelah kaweroeh kasidan, hing pangangkah kengingo kangge tetimbangan toemrap poro hoelah raos, toewin kaweroeh Theosofie ... f 0,30.

298. WISO DJIWO. Serat Wisodjiwo hamarsitaken hawonipoen tiang hingkang pemadatan, hoeroef latijn temboeng djawi hanggitanipoen M. Ng. Mangoenwidjojo-Wonogiri ... f 0,30.

629. WEDOHASMORO. Serat Wedohasmoro hanjariosaken pirantosipoen hamorotoerido gantjaran ... f ...

631. WEDONARARJO. Serat Wedonararjo hanggitanipoen M. Ng. Mangoenwidjojo mantri Midji hing Soerakarto, hanjariosaken toeladan sahe poro sinatrio hing djaman kino, loewoeng kinarjo darsono. ... f ...

Agent Boekhandel TAN KHOEN HIEN, SOLO