Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 2)

Katalog:Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508
Sambung:
1.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 1). Bahasa dan Budaya | Wayang #270.
2.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 2). Bahasa dan Budaya | Wayang #271.
3.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 3). Bahasa dan Budaya | Wayang #272.
4.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 4). Bahasa dan Budaya | Wayang #273.
5.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 5). Bahasa dan Budaya | Wayang #274.
6.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 6). Bahasa dan Budaya | Wayang #275.
7.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 7). Bahasa dan Budaya | Wayang #276.

--- 2 : 49 ---

Mahabarata Jilid 2

Warahipun Paduka Nyonyah Dr. Ani Bèsên

Ingkang dipun ngalamati: Paprangan agêng

Impunan saking Sêrat Mahabarata Têmbung Sansêkrit.

Kajawèkakên dening: Radèn Mas Partawiraya, ing Surakarta

Kaêcap saha kawêdalakên dening: BOEKH. EN DRUKK. "SWASTIKA" PASARPON - SOLO TELEFOON 430. MAHA-BHARATA DEEL 2.

MAHA-BHARATA DEEL 2.

Satunggaling dintên Prabu Pandhu kasupèn dhatêng soting kidang, angungrum garwa panênggak badhe pinondhong, dêrênging karsanipun botên kenging dipun sayuti, katêmahan lajêng seda. Dèwi Madri kalara-lara anangisi ing sacêlaking layon, Kunthi enggal marêpêki. Garwa kêkalih lajêng rêbatan badhe ngatingalakên kasêtyanipun, labuh palastra tumuntur ing priyanipun, wêkasanipun Madri ingkang mênang, kêdah bela, amargi sedanipun punika piyambakipun ingkang rinangkul, sanalika wau lajêng angèsthi palastra, dene putranipun kêkalih, Kunthi ingkang kajibah anggulawênthah, sarta pangrêngkuhipun Dèwi Kunthi botên beda kalihan para putranipun piyambak, nalika wau kathah para rêsi ingkang sami dhatêng, lajêng angiringakên Kunthi kalihan para putra gangsal dhatêng Astinapura, kapasrahakên dhatêng Dritarastra tuwin Sang Bisma, punapadene ing Astinapura lajêng adamêl sêsaji saupakartining pamiwahan sedanipun Prabu Pandhu. [§ 120-127]

Anyarêngi lêlampahan ing nginggil, Dritarastra anugrahani dhatêng garwanipun, saking dayaning nugraha, Dèwi Gandari lajêng apêputra satus, kalihan putri satunggal, ingkang pambajêng sinung nama Duryudana, miyosipun nunggil sadintên kalihan Bima. Ing dintên wau kathah cipta sasmitaning piawon kados [ka...]

--- 2 : 50 ---

[...dos] ta: prahara agêng, griya kabêsmi, sima, andaka, sagawon ajag, tuwin sanès-sanèsipun bangsaning kewan wana ingkang sami kêrah sarta ambaung. Amargi bilih tiyang runtut gêsangipun kalihan kodrat kang asor-asor tamtu bingah, nanging nangis manawi manungsa kataman panandhang. Bayi ingkang nêmbe lair punika tinakdir badhe dados pangrisaking kulawarganipun, nanging Dritarastra botên sagêd kawêdal pêpèngêtipun amargi panjênênganipun sakalangkung sih dhatêng putra, mila tansah kaugung, têmahan adamêl prihatos tuwin kapitunanipun, kasupèn bilih panjênênganipun wau narendra, kawajiban rumêksa ing tiyang sanagari, tuwin minôngka sudarmanipun tiyang ingkang sami wontên ing wêwêngkonipun. [§ 115]

Lairipun Duryudana punika kangge sarananing para dewa, anggènipun badhe anggêlar piwulang luhur dhatêng ing dunya, inggih punika tumrap sawarnining prakawis ingkang sampun winangun dening watakipun ing gêsang ingkang sampun kapêngkêr. Duryudana linangkung karosanipun, kêndêl tuwin limpat dhatêng agami, sarta kathah pambudidayanipun kangge kawajibaning kaprabonipun, ananging panjênênganipun wau sakalangkung murka, pangajêng-ajêngipun: aku bisaa linuwih, aku kapengin dadi ratu, pangarêp-arêpku [pa...]

--- 2 : 51 ---

[...ngarêp-arêpku] kabèh iku kawêngkua dening aku. Makatên wau pangajapipun, mila sabên wontên tiyang ingkang angungkuli sariranipun lajêng rumaos sangsara, kabêkta saking hardanipun, makatên punika kalêpatan ingkang sampun linampahan, jalaran Yudhisthira punika langkung sêpuh tinimbang Duryudana, pramila Yudhisthira ingkang katêtêpakên pangran dipati, ewadene Duryudana ugi kaanggêp gadhah warisan kaprabon.

Para Pandhawa tuwin para putranipun Prabu Dritarastra, sami nunggil pangangkah, dene Bima ingkang linangkung karosanipun, sarta sagêd sangêt ambeda, tansah damêl jalaraning cacongkrahan wontên ingkang binanting, Kurawa sadasa cinêpêng lajêng kalêlêbakên ing toya, ngantos satêngah pêjah. Manawi Kurawa sami mènèk wit-witan prêlu ngundhuh wowohan, witipun lajêng kabêdhol, têmah lajêng sami dhawah ing siti. Sanadyan sampun dipun èngêtakên, sarèhning piyambakipun rêmên mêmarahi, mila kêdah kapisah anggènipun dêdolanan, sarta sampun ngantos angladaki. Nanging sampun sami andugi bilih ingkang makatên punika têwah saking piawon, botên, sadaya wau amung badhe bêbingah. Lare-lare ingkang rosa asring sami pados mêngsah, amargi badhe priksa dhatêng karosanipun, Duryudana [Dur...]

--- 2 : 52 ---

[...yudana] sangêt ulap dhatêng karosanipun Bima, mila gadhah pangangkah badhe pinêjahan, kayêktèn lajêng adamêl suyasa sapinggiring lèpèn Gangga kangge palenggaran sabên môngsa bêntèr, sarta lajêng anyuruhi para Pandhawa badhe kaajak bujana. Ing salêbêtipun ôndrawina, Duryudana katingal prayogi sangêt anggènipun among tamu, nanging Bima kasêgah dening têtêdhan ingkang sampun kadekekan wisa dening Duryudana piyambak, saparipurnaning anggènipun sami bujana, para rajaputra sami siram ing lèpèn, dene Bima wiwit karaos dayaning wisa, lajêng anjungkêp ing siti. Ing nalika para kadangipun sami lêrêm wontên ing suyasa adi wau, Duryudana ngantuni, sarta nalika Bima dhawah kalêngêr, enggal katangsulan ing oyoding kêkajêngan, lajêng kacêmplungakên ing lèpèn, Bima silêm, ngantos dumugi karatonipun taksaka raja, ingkang asêsilih Prabu Naga, mila lajêng kacakot, wisaning naga kawawa anyabarakên wisaning têtuwuhan ingkang kadèkèk ing têtêdhan, mila Bima lajêng èngêt, oyod ingkang ambalêbêd ing sariranipun kinirigakên rantas sadaya, sarta mrawasa sawêr wau, ingkang lajêng sêsambat dhatêng ratunipun Prabu Wasuki. Ing antawisipun para taksaka raja, wontên satunggal lêluhuripun Bima saking kang ibu. Saking panyuwuning

--- 2 : 53 ---

lêluhuripun, Bima pinarêngakên ngombe unjuk- unjukanipun para dewa ingkang anêwahakên pangwasa. Watawis wolung dintên Bima mantuk pinanggih kalihan para kadang tuwin kang ibu ingkang sakalangkung prihatos, Bima nyariyosakên pandamêlipun Duryudana. Ananging saking pamrayoginipun Widura sarta Yudhisthira, Bima sampun ngantos anggigatakên Duryudana, malah sanadyan Duryudana nglajêngakên panangsayanipun dhatêng Bima sakadangipun, ugi sampun damêl punapa-punapa. Ananging kasaenanipun Pandhawa botên anêdhasi tumrap pun Duryudana, malah anggèning mêngsah dhatêng Pandhawa saya matambah-tambah.

Ing wêkdal punika sang prabu anggalih manawi para putra botên anambut pakaryan, tamtu kirang prayogi, kados limrahipun lare-lare ingkang botên gadhah pandamêlan, mila lajêng kapuruhitakakên dhatêng satunggaling guru nama Krêpa, supados kawulang olah dêdamêl, wêkdal samantên Krêpa kapondhokakên satunggaling brahmana, akêkasih Drona, kaprênah ipenipun Krêpa. Brahmana Drona punika putraning Maharsi Baratwaja, nalika wontên asramanipun kang rama, gadhah mitra putranipun Prabu Prasata, asma Drupada, wigatos puruhita dhatêng Sang Maharêsi Baratwaja, dados nunggil puruhitan kalihan Drona. [Dro...]

--- 2 : 54 ---

[...na.] Brahmana Drona linangkung kasagêdanipun sikêp dêdamêl, punapadene kaparingan saliring dêdamêl dening putranipun Bathara Brigu, sarta winêjang wêwadosing mangrèh dêdamêl, sarêng katilar dening putranipun Brigu, Drona nêdya martuwi Drupada, mitranipun lami ingkang samangke sampun jumênêng nata ing nagari Pancala. Dupi kapanggih Drona taksih lastantun kados limrahipun tiyang dhatêng mitranipun ingkang sangêt dipun trêsnani. Ananging Prabu Drupada, amargi saking kaprabon miwah pangwasanipun, ambêkipun lajêng kumalungkung, wangsulanipun ladak: punapa narendra kalampahan amêmitran kalihan tiyang papariman, tuwin tiyang ingkang sanès ratu botên sagêd mêmitran kalihan satunggaling narendra. Pangandika makatên wau ingkang badhe ngwontênakên kasangsaran warni-warni dhatêng sariranipun, Drona kesah kalihan botên wicantên punapa-punapa, sêdyanipun badhe dhatêng Astinapura, ing griyaning ipenipun, inggih punika Krêpa. Wontênipun ing ngriku, Aswatama putranipun Brahmana Drona ambiyantu Krêpa anggènipun mulang dhatêng para rajaputra. [§ 128-129. 131-132.]

Nuju satunggiling dintên, nalika para rajaputra sami lêlangên jor, gêmbungipun kacêmplung ing sumur asat, para rajaputra botên wontên ingkang sagêd angêntas, kapinujon ing sacêlakipun ngriku

--- 2 : 55 ---

wontên brahmana langkung, kaaturan supados angêntasna gêmbungipun, brahmana wau lajêng anyawatakên sêsupenipun dhatêng gêmbung ing salêbêting sumur, gêmbung kaêntas sarana jinêmparing rumput, dene sêsupe sarana jêmparing. Para rajaputra sakalangkung kagawokan, mila sami kapiluyu nêdya puruhita. Nanging para rajaputra kaaturan pinanggih Sang Bisma, lajêng nyariyosna sadaya punapa ingkang sampun kalampahan, môngka Sang Bisma wêkdal punika pinuju kèmêngan ing galih, anggènipun pados guru ingkang sayogi dados gurunipun para rajaputra wau, mila sarêng rajaputra matur kathah-kathah, Sang Bisma lajêng andugi manawi punika Brahmana Drona.

Sanalika wau Sang Bisma gupuh-gupuh manggihi sarta lajêng angirid Brahmana Drona dhatêng salêbêting pura. Drona nyariyosakên lêlampahanipun, Sang Bisma sakalangkung bingah dene para rajaputra manggih guru ingkang prayogi. Bisma pratela manawi para rajaputra Astinapura nêdya kapuruhitakakên ing piyambakipun. [§ 132]

Wêkdal para rajaputra sampun sami marêk ing ngarsanipun, Drona pratela manawi ing batosipun isi pangajêng-ajêng, mila rajaputra lajêng kapurih prasêtya, bilih ing têmbe sampun sarwa [sar...]

--- 2 : 56 ---

[...wa] widagda sakridhaning dêdamêl, kêdah ambiyantu sêdyanipun wau. Sadaya sami kèndêl kemawon, amung Arjuna ingkang sanggêm badhe anglampahi, manawi piyambakipun sagêd, punapadene salêbêtipun dados siswa, katingal bêkti sangêt dhatêng gurunipun, pramila dados siswa pinilih sarta sinihan.

Wanci sontên nalika Arjuna nêdha, dilahipun pêjah margi katêmpuh ing angin, ewadene anggènipun nêdha dipun lajêngakên kalihan pêtêngan, amung saking dayaning pangulina, anggènipun muluk wau, ing ngriku Arjuna ciptanipun lajêng èngêt dayaning pangulina. Wiwit titimôngsa punika Pandhuputra ingkang rosa wau lajêng wiwit sinau anjêmparing ing wanci dalu. Dêrêng saha katabêrènipun wau adamêl lêganing gurunipun, amung nyumêrêpi prakawis rèmèh kalamôngsa kenging jêngandika tumrapakên ingkang prêlu-prêlu, kados kawontênanipun Arjuna.

Kathah para putraning narendra ingkang nêdya puruhita dhatêng Drona, ing antawisipun para narpaputra wau wontên satunggal naminipun Ekalaya, putraning narendra ing praja Nisaddha, punika turunipun bôngsa asor, Drona botên purun nampèni panyiswanipun Sang Ekalaya, awit Drona botên badhe mulang kawruh anjêmparing tuwin êmpaning mantra sarta dayaning

--- 2 : 57 ---

cipta, kajawi dhatêng têdhaking bôngsa luhur ingkang sampun sêmanggêm anglilahakên gêsangipun minôngka pituwas anggènipun winulang. Sanadyan botên tinampèn, Ekalaya botên nêpsu, mêksa anyungkêmi padanipun Drona, sasampunipun ngaras pada, lajêng kesah dhatêng ing wana. Sadumugining wana Drona dipun rêca kadamêl saking lêmpung, kapundhi-pundhi kadidene gurunipun, sarta lajêng anggêgulang kaprigêlaning sikêp dêdamêl, kalampahan linangkung kasagêdanipun nandukakên dêdamêl, amargi saking sangêt sungkêm dhatêng gurunipun saha bêkti dhatêng sêdyanipun, satunggaling dintên, nalika para rajaputra Astinapura ambêbêdhag dhatêng ing wana, sakalangkung gawok aningali tarampil tuwin titisipun anggèning Ekalaya anjêmparing. Para rajaputra cariyos dhatêng Drona punapa ingkang sampun dipun sumêrêpi, sanalika Drona lajêng dhatêng ing wana kadhèrèkakên Arjuna. Sarêng Sang Ekalaya priksa Bagawan Drona dhatêng, enggal mapakakên lajêng manguswa pada, lênggah angapurancang angêntosi dhawuh. Pangandikanipun Bagawan Drona: lah senapati linuwih, yèn kapara nyata sira iku siswaningsun, mara amisungsunga gurunira. Ekalaya sagah badhe ngaturakên punapa ingkang dados pamundhutipun, aturipun: amargi ing ngriki botên [bo...]

--- 2 : 58 ---

[...tên] wontên punapa-punapa, mila botên amisungsung ing gurunipun, wangsulanipun Drona: Ekalaya, yèn têmên sira nêdya misungsung, ingsun mundhut jêmpoling tanganira têngên, wêkdal Ekalaya mirêng dhawuhing gurunipun suraos mundhut jêmpolipun minôngka pituwas anggènipun winulang, enggal angiris jêmpolipun, awit sampun prasêtya botên badhe cidra, saha anêtêpi sêsanggêmanipun, mila botên rangu-rangu malih, kalihan pasêmon ingkang mratandhani bingahing manah, anggènipun angêthok jêmpolipun, lajêng kaaturakên.

Prakawis panêdhanipun Drona makatên wau limrahipun tiyang sami amastani manawi awrat sarta pêdhês, ananging ingkang makatên awêwaton piwulang kang luhur. Tiyang kalairakên punika mêsthi laras kalihan pandamêl tuwin ciptanipun ing gêsang ingkang sampun kapêngkêr, dados babadanipun punika saperanganing karmanipun, tiyang botên kenging ngundhuh kabêgjan ingkang dèrèng môngsa, inggih ingkang botên runtut kalihan badanipun wadhag, kêkiranganipun punika kêdah tinampi kalihan sabar ngantos sarisakipun, sarta ngantos dipun wêngani kontên, Ekalaya botên purun angêntosi, wohing awisan kaundhuh kalihan kakêncênganing manah, [ingkang dèrèng matêng] mila badanipun ingkang [ing...]

--- 2 : 59 ---

[...kang] dosa wau kangge nyauri sambutanipun, ananging sihipun dhatêng guru, ingkang angêbaki batosipun, punika samapunsampun. linampahan kalihan kasabaran, sarta kanthi kêkêncênganing kajêngipun, sadaya pandamêlipun wau pakangsal tumrap piyambakipun wontên ing alam luhur, saha kenging tinamtokakên bilih ing têmbe piyambakipun badhe kasêmbadan sapangajêng-ajêngipun, sanadyan wontên ing alam wadhak pisan.

Ing satunggiling dintên Brahmana Drona nêdya andadar kasagêdaning para siswa, mila adamêl pêksi pêpindhan kaencokakên wontên ing panging kajêng kang inggil, dhawuh dhatêng para siswa supados gêntos-gêntos anjêmparing pêksi pêpindhan wau. Ingkang rumiyin piyambak Yudhisthira, gandhewa pinênthang, nanging salêbêtipun angincêng Drona pitakèn: punapa ingkang katingalan anggèr, punapa jêngandika pritsa priksa. dhatêng wit-witan, kula tuwin para kadang. Yudhisthira matur: bilih sadaya sami katingalan, nalika wau Drona lajêng wicantên: sampun kalajêngakên anisiha kemawon, amargi tamtu lêpat anggèn jêngandila jêmparing. Makatên ugi para narpaputra sanès-sanèsipun, wêkasan Arjuna dipun purih majêng, Drona lajêng pitakèn kados ingkang sampun -sampun, wangsulanipun Arjuna:

--- 2 : 60 ---

ingkang kula sumêrêpi amung pêksinipun, sanèsipun botên wontên ingkang katingalan, Drona wicantên malih kalihan mèsêm, manawi ingkang katingalan amung pêksinipun, suwawi kapratelakna. Aturipun Arjuna ingkang tansah angatos-atos: ingkang kula sumêrêpi amung sirahipun, dene badanipun botên katingalan, Drona lajêng mangatag kalihan sênênging manah: suwawi kalêpasna, anggèr. [§ 134.]

Suwawi sami katingalana, inggih makatên wau kawontênaning kagunan ingkang sami kita gayuh. Bilih ijêngandika angincêng salah satunggaling lesan, môngka jêngandika taksih priksa dhatêng kawontênan sanès-sanèsipun, punika mratandhani bilih anggèn jêngandika angincêng wau dèrèng golong. [pramana], cipta andika kaklêmpakna dhatêng ingkang nêdya jêngandika jêmparing. Manawi jêngandika badhe sinau prakawis kawruh petang, jêngandika sampun ngantos maèlu dhatêng sadhengah ingkang wontên sajawining kamar, utawi dhatêng kônca andika ingkang sami cêlak, cipta andika kaklêmpakna dhatêng cacah ingkang kasêrat dening guru wontên ing bor, [balabag pamulangan] sanès-sanèsipun sampun karaosakên.

Lami-lami para narpaputra sampun lêbda anggènipun puruhita, [puruhi...]

--- 2 : 61 ---

[...ta,] mila badhe sami dinadar ing kaprigêlanipun, sarta kangge têtingalan, ing dintên ingkang sampun katamtokakên, saisining dhatulaya Astina, punapadene tiyang sanagari sami dhatêng aningali, Arjuna ingkang katingal langkung piyambak, kados prêlu jêngandika sami nyumêrêpi, ingkang kangge andadar: inggih punika lesan kawujudakên wraha tosan kalampahakên, Arjuna anggènipun jêmparing gangsal kalampahakên sapisan, sadaya sami mencok ing cangkêming wraha. Saparipurnaning anggènipun dinadar, tiyang ningali mirêng suwantên gumuruh, botên watawis dangu katingalan wontên satunggaling prajurit neneman nama Karna, ingkang badhe kathah dêdongenganing lêlampahanipun ing sêrat punika. Karna punika ugi siswanipun Drona, sarta kawistara satimbang kalihan Arjuna. Ing ngriku Karna adamêl kados ingkang sampun dipun solahakên dening Arjuna, sasampunipun kêkalihipun wau lajêng sami ajêng-ajêngan badhe abôndayuda. Ing ngriku Krêpa majêng wigatos badhe anêtêpakên ungêling wêwaton, wicantên sora: mratelakakên kulawarganipun Arjuna, wêkasan lajêng pitakèn dhatêng mêngsahipun, piyambakipun punika kalêbêt gongangolongan. utawi kasta punapa, murih kasumêrêpan ing tiyang kathah. [ka...]

--- 2 : 62 ---

[...thah.] Karna katingal pucêt, nanging Duryudana lajêng ngadêg ing antawisipun Karna kalihan Arjuna, sarwi ngandika makatên: manawi ingkang kenging mêngsah Arjuna punika katamtokakên amung têdhaking narendra, prayogi, samangke Karna kula jumênêngakên narendra. Karna winiwaha dados narendra wontên ing praja Angga, sarta prajanji mêmitran kalihan Duryudana ingkang sampun angganjar kaprabon ing piyambakipun, sanalika wau wontên kusir sêpuh ingkang galoyoran lampahipun kapapagakên dening Karna, ingkang lajêng mangrangkul kados satataning bapa ingkang angrangkul anakipun, sarêng Bima priksa lajêng mancolot majêng kalihan sêmu runtik, tuwin angerang-erang dhatêng Karna, bilih Karna punika sutaning kusir, mila botên satimbang amêngsaha Arjuna ingkang têtela têdhakipun narendra. Sanalika wau Duryudana ugi lajêng malumpat majêng sarwi wicantên, suraos angrencangi mitranipun, ananging katungka sirêping surya, tiyang ningali sami bibaran, mila ingkang sami pasulayan botên sagêd kalêksanan, dados Arjuna tuwin Karna lêstantun sami mangunêg-unêg, anèh sangêt pitakenan punika, dene dèrèng nate wontên jawaban ingkang damêl pamarêm.

--- 2 : 63 -- -

Samangke sampun dumugi mangsanipun Drona tampi pituwas anggènipun sampun angajar sawarnining kagunan, mila para siswanipun ingkang sampun sami sawega badhe manjing parameyaning dunya, punika sami dipun kalêmpakakên, wicantênipun Drona: Drupada ratu ing Pancala, kacêpênga wontên madyaning paprangan, lajêng kapasrahna ing kula, punika pituwas ingkang agêng piyambak tumraping kula.

Ing nalika wau para narpaputra lajêng sami pangkat, Kurawa punapadene Pandhawa sami pêpêrangan kalihan Drupada. Para Kurawa gêntos- gêntos kalindhih dening Drupada, ananging Arjuna kalayan para kadangipun lajêng majêng prang, wêkasan Drupada kapikut, sarta lajêng kapasrahakên ing gurunipun. Wicantênipun Drona dhatêng mêngsahipun ingkang sampun katawan botên pisan asarana têmbung wêngis, malah adamêl têntrêming manah: sanadyan samêngko sira wus kacêkêl dening mungsuhira, sira aja nyumêlangke uripira, apa sira samêngko isih gêlêm mêmitran lan ingsun Sasampunipun mungêl makatên, Drona lajêng mèsêm kalihan wicantên malih: dhuh narendra kang sudira ing rananggana, aja nyumêlangake uripira, ingsun iki brahmana, dadi mêsthi angêgungake pangaksama, lan manèh: o bêbanthènging para satriya wêlas [wê...]

--- 2 : 64 ---

[...las] asih ingsun marang jênêng sira tansah tumuwuh bêbarêngan lan umur ingsun, amarga ingsun lan sira nguni wus padha têtunggalan anèng pratapaning wong atuwaningsun, yaiku ing nalika padha puruhita, mulane: prabu, ingsun jaluk marang sira mara padha nglêstarèkake mêmitran, dene kang minôngka sihing pawong mitra, saparoning prajanira dak lilahake marang sira manèh, amarga ing nguni sira pratela, kajaba para narendra ora bisa mêmitran lan sawijining ratu, iku sababe gon ingsun ngandhêk prajanira saparo. Sira angratonana tlatah praja sakiduling Bagirati [kali Gangga] dene ingsun kang ngratoni praja saloring kali Gangga: dhuh narendraning praja Pancala, manawa sira panuju, sabanjure sira anganggêpa mitra marang ingsun.

Pandamêlipun Drona makatên wau amung amangsulakên panyamahipun Drupada ingkang sakalangkung siya-siya dhatêng piyambakipun, ananging sarana lampah ingkang prayogi. [§ 135-140]

Bab III Anggènipun Para Pandhawa Andon Lêlana Miwah Kalangkunganipun.

Sarêng sampun diwasa, sarta rajaputra wau kawistara bilih sudira ing rananggana, saking kaparêngipun Prabu Dritarastra, Yudhisthira ginadhang badhe kagêntosakên, anggènipun misudha dhatêng Yudhisthira wau mawi sêrat kêkancingan, kados ing ngandhap punika: marga saka kapintêrane, kasabarane,bêcik lan ngêblake atine, sarta marga saka luhure ambêke, mula sun gadhang bakal gumanti.

Botên antawis dangu saking anggènipun winiwaha, Yudhisthira sutanipun Dèwi Kunthi, tansah kaayoman dening utamining pambêkanipun, mila lampah-lampah anggènipun anindakakên pandamêlan sarta titinipun dhatêng kawajiban kados kang rama. Dene para kadang sami marsudi kalangkungan, sarta ngangkah badhe amiyarakên jajahan, ananging kakêndêlanipun para Pandhawa wau anêwahakên sumêlangipun Prabu Dritarastra, ngantos botên sagêd sare, lajêng nêdya anandukakên piawon [§ 141].

Para putranipun Pandhu sami sugih, tiyang isining praja Astina sami sih, sarta angaji-aji, dene para ari sakawan pisan sakalangkung [sa...]

--- 2 : 66 ---

[...kalangkung] bêkti dhatêng kadangipun sêpuh, ngantos Prabu Dritarastra rumaos, bilih sariranipun punapadene para putranipun sami kasingkur, pramila lajêng animbali satunggaling nayaka nama Kanika, kapundhutan pamrayogi. Minôngka atur wangsulanipun Kanika, nyariyosakên dêdongengan ingkang pratitis sangêt, nanging sakalangkung anggêgirisi. Cariyosipun: ing nguni wontên satunggaling sagawon ajak, manggèn wontên ing wana tatunggilan kalihan mitranipun sakawan: tikus, blacan, gogor tuwin sima. Ing satunggaling dintên sêgawon ajak wau kapengin amôngsa daginging kidang ingkang pinuju lumajêng ing sacêlakipun, mila lajêng sanjang dhatêng tikus, manawi kidang pinuju tilêm lajêng kakrikitana tracakipun, dene manawi sampun rencok lajêng katubruka dening sima. Sasampunipun kalampahan makatên, sadaya lajêng sami badhe adus, sêgawon ajag kapurih têngga bathanging kidang. Kacariyos ingkang rumiyin piyambak wangsulanipun sima, ing ngriku lajêng dipun pakakakên dening sagawon ajak kalihan pratela, manawi têtelanipun ingkang sagêd nangsaya rumiyin dhatêng kidang punika pun tikus, dados sima punika angsalipun têdha saking pitulunganipun tikus. Sima katêtangi piyangkuhipun, mila lajêng kesah

--- 2 : 67 ---

prêlu badhe ngupaya mangsan ingkang botên saking pitulunganing liyan. Sapêngkêripun sima, pun tikus dhatêng, sagawon ajag pratela supados lajêng kesah, amargi blacan raosan badhe nêdha dhatêng piyambakipun. Gogor lajêng kesah amargi dipun cariyosi bilih sima ngincim-incim piyambakipun, dene blacan ugi lajêng sumingkir sarêng sagawon ajag pratela manawi piyambakipun mêntas pôncakara kalihan katiganipun wau, sarta sampun manggih unggul. Sasampunipun para mitra sakawan sami kesah sadaya, sagawon ajak sênêng manahipun kalihan môngsa ulaming kidang. Kanika matur: dados para raja, kêdah anyirnakakên mêngsahipun satunggal-satunggal, sarana limpating pambudi pundi ingkang sakintên dados pangapêsaning sadaya mêngsahipun. [§ 142]

Sang Duryudana ugi sakalangkung rêkaos panggalihipun sabên mirêng ucapipun tiyang ing praja Ngastina, mangalêmbana dhatêng Yudhisthira, sarta ngajêng-ajêng jumênêngipun, mila Duryudana marêk ingkang rama, matur manawi makuthaning kaprabon saèstu badhe dhawah têdhakipun Pandhu, bilih sang prabu ngantos kabêsturon. Panyuwunipun: pukulun, para Pandhawa kabucala dhatêng nagari Waranamarta, sarana lampah ingkang rêmit. Manawi pusaraning

--- 2 : 68 ---

kaprabon sampun kula cêpêng, Kunthi dalasan anak-anakipun dipun timbalana wangsul, sang prabu botên angsal dhadhakan anggènipun badhe midana dhatêng para Pandhawa, pramila amung lajêng dhawuh dhatêng para Pandhawa supados sami angèstrèni pasamuwaning agami anggènipun angluhurakên dhatêng Sang Hyang Siwah. Sanadyan sajatosipun botên dados manahipun, ananging sakalangkung ajrih, mila para Pandhawa lajêng matur sandika. Duryudana, Karna, Dursasana, sami prasêtya akêkadangan, sarta paring arta dhatêng Purocana, supados Purocana adamêla suyasa ing Waranamarta, nanging kadamêl saking duk kacarub kalihan lak sarta sanès-sanèsipun ingkang gampil murubipun. Pangangkahipun, manawi Kunthi kalihan para putranipun sampun manggèn ing suyasa wau, lajêng nêdya kabêsmi, dados lajêng sami sirna dening latu.

Nalika para Pandhawa badhe pangkat dhatêng Waranamarta, tiyang ing praja Ngastina kathah ingkang sami gondhèli, sarta nglairakên botên narimahipun, dene para rajaputra wau kadhawahan dhatêng ing Waranamarta. Ananging Yudhisthira angèngêtakên bilih sang prabu punika sudarmanipun ingkang sangêt kapundhi-pundhi, gurunipun tuwin ratunipun, mila tiyang-tiyang wau sami narimaa kemawon, [kemawo...]

--- 2 : 69 ---

[...n,] sanadyan kados punapa ingkang kêdah linampahan, awit punika kawajibanipun ingkang agêng piyambak. Sadaya sami kadhawahan mantuk dhatêng griyanipun piyambak-piyambak kalihan sênênging manahipun. Nalika para Pandhawa pangkat, Sang Widura dhawah dhatêng Yudhisthira, nanging pangandikanipun sarana basa mleca, supados sampun wontên tiyang mangrêtos. Suraosipun pêpèngêt supados para Pandhawa sampun ngantos sikêp dêdamêl ingkang kadamêl saking waja, dados kalis saking bêbaya latu, sarta manawi adamêl pakuwon, dipun kados êronging sêgawon ajag. Pikajêngipun dipun kathahana kontênipun, sarta anamatna sakathahing margi ing sakiwa têngêning pakuwon, Yudhisthira botên kasamaran dhatêng dhawuhipun Widura, mila ing nalika Purocana ngaturakên pakuwon ingkang sakalangkung asri, ugi lajêng dipun tampèni. Ananging sabên dintên para Pandhawa sami bêbêdhag, wigatos amung badhe amaspadakakên sakathahing margi ing salêbêting wana. Kalihan adhêdhêmitan para Pandhawa dhawah dhatêng tiyang juru mêlik, kintunan saking Widura, supados kamar pasareanipun dipun landhaka ngantos dumugi têngahing wana sacêlaking pakuwon.

Watawis sataun anggènipun para Pandhawa manggèn wontên [wontê...]

--- 2 : 70 ---

[...n] pakuwon ingkang ambêbayani, ngantos Purocana andugi sampun wancinipun kabêsmi, ananging karumiyinan dening Bima. Ing satunggiling dintên wanci sontên Pandhawa ngêmpalakên para brahmana wigatos kaaturan bujana. Ing antawisipun para brahmana wau wontên satunggaling pawèstri saking praja Nisadha, kalihan anakipun jalêr gangsal, amargi sami mêndêm mila sabibaring pasamuwan tiyang wau taksih kantun. Bima botên priksa dhatêng pawèstri dalah anakipun gangsal wau, ingkang dipun sumêrêpi amung Purocana. Pakuwon kabêsmi saking ing pundi-pundi sarta enggal bopong para kadang tuwin ibunipun, lumajêng dhatêng ing wana mêdal ing bolongan ingkang sampun dangu anggènipun dhudhuki. Sadumugining wana kapapagakên dening abdinipun Widura ingkang kadhawahan mirantos baita prêlu kangge manabrang lèpèn Gangga. Sarêng sampun dumugi ing sabranging lèpèn, para Pandhawa lajêng sami lumampah mangidul. Kacariyos ing pakuwon ingkang kabêsmi kathah tiyang sami tandang, sapêjahing latu sami manggih kunarpaning pawèstri kalihan anakipun jalêr gangsal, kinintên manawi punika para Pandhawa kalihan ibunipun, mila kunarpa lajêng kaaturakên dhatêng Prabu Dritarastra sarwi tinangisan. Sanalika wau sang prabu punapadene têtiyang ing praja Ngastina, sami karuna kalara-lara. [ka...]

--- 2 : 71 ---

[...lara-lara.] Ananging Widura botên dangu anggènipun karuna amargi priksa bilih sanès Pandhawa. [§ 142-152.]

Ing mangke para Pandhawa dados tiyang miruda, ngulandara tanpa dunung, kang binukti amung sawontênipun ing wana. Kados punapa trênyuhing panggalihipun dene kapêksa nyumêrêpi ibunipun sare angglèthèk wontên ing siti, sarta tanpa aling-aling, môngka salami-laminipun botên nate kasangsaya dening prahara. Dèwi Kunthi kapundhak dening Bima, kapêksa pêrang kangge ngayomi kang ibu, sarta rumêksa manawi sare. Ing satunggaling dintên, sarêng raksasa ingkang wontên ing sacêlakipun ngriku mambêt gandaning manungsa, lajêng kengkenan sadhèrèkipun èstri kapurih mêjahi kangge têdhanipun. Ananging sarêng rasêksi priksa dhatêng kabagusan sarta prakosanipun Sang Bima, botên kadugi amêjahi, malah lajêng kataman ing gandrung. Ing nalika rasêksi wau angrêrêpa dhatêng Bima, Hidhimba sakalangkung nêpsu, manguwuh sarwi mangancam badhe pinêjahan, kasarêng kalihan Bima. Mandhêga ing kono bae, panguwuhipun Bima, kalihan mandêng asêmu mèsêm, supaya aja angêgèt-êgèti wong kang lagi kapenak anggone padha turu, salêbêtipun Bima wicantên makatên kalihan sawega badhe lumawan. Pramila

--- 2 : 72 ---

sarêng raksasa anyarap enggal jinangkah kalarak nêbih, supados sampun ngantos ambribèni ingkang sawêg anendra. Ing ngriku lajêng banting- binanting, pupuh-pinupuh, sarta bandhêm-binandhêm sela, sêbrak-sinêbrak, kitêr akêkalangan. Para kadang sami kagèt lajêng sami mangatag dhatêng Bima, prayogi enggal pinungkasan, mila raksasa lajêng kaumbulakên ngantos inggil lajêng sinabêtkên ing siti, tuwin katugêl ula-ulanipun, asring sangêt Bima prang rame kados makatên wau, supados jagad uwala saking panangsayaning titah ingkang kawasa nanging awon pambêkanipun, dados gêsangipun têntrêm, tuwin tiyang sampun ngantos awon, manawi kathah tiyang kawasa ambêkipun awon, rêmên angilês-ilês dhatêng tiyang ingkang ringkih, Pangeran lajêng anitahakên tuwin ingkang linangkung karosanipun kados kawontênanipun Bima, kangge pangrisakipun para ingkang ngantos kangge limrahing ngagêsang kemawon sampun botên pakangsal, dados sampun kawajibanipun Bima, lumawan dhatêng tiyang ingkang rêmên anindhês, mila karosan linangkung wau kaparingakên dhatêng Bima, prêlu kanggea angayomi tiyang ingkang sami ringkih-ringkih.

Sarêng sadhèrèkipun jalêr sampun pêjah, rasêksi lajêng santun [santu...]

--- 2 : 73 ---

[...n] warni dados manungsa ingkang endah ing warni, lêstantun kagarwa dening Bima, apêputra satunggal wujud rasêksa sinung nama Gathutkaca, diwasanipun Gathutkaca migunani sangêt tumraping Pandhawa. Wêkdal samantên gêsangipun para Pandhawa amung saking anggènipun babêdhak, ngantos dipun panggihi Wiyasa kabêkta dhatêng griyanipun satunggaling brahmana. Botên kaparêng ngalih panggenan angêntosana dhawuhipun kemawon, wontênipun ing ngriku dhaharipun amung saking anggènipun papriman kados tataning para tapa. Angsal-angsalipun anggèning papriman punika lajêng kabagi dening Dèwi Kunthi: ingkang sapalih kasukakakên dhatêng Bima, sapalihipun kabagi sadhèrèkipun sakawan tuwin sariranipun piyambak.

Ing satunggaling dintên, kajawi Bima, para Pandhawa sami kesah, Kunthi mirêng bilih brahmana ingkang dipun pondhoki punika tangisan kalihan semah tuwin anakipun kêkalih, sambatipun: manawi botên badanipun inggih katrêsnanipun salah satunggal kêdah pêjah. Semahipun wicantên: manawi piyambakipun sampun mirantos badhe pêjah, minôngka kurban karahayoning priya tuwin anak-anakipun, makatên ugi anakipun pawèstri, cariyos: bilih badanipun ingkang kawajiban, [kawa...]

--- 2 : 74 ---

[...jiban,] amargi botên wande badanipun inggih dipun pisah manawi kaemah-emahakên, mila bedanipun punapa kalihan dipun pisah amargi kaladosakên, dene anakipun jalêr, ingkang dèrèng patos mangrêtos, amargi taksih alit wicantên: bilih nêdya lumawan dhatêng rasêksa ingkang wujudipun awon tuwin siya-siya punika. Salêbêtipun taksih sami mèsêm saking ungêling lare wau, Kunthi pitakèn sabab-sababipun, dipun wangsuli manawi piyambakipun kapêksa misungsung dhatêng satunggaling raksasa warni wos sagrobag, lêmbu kalih, tuwin tiyang satunggal ingkang ngirit pisungsung wau. Pangagênging balegriya kawajibakên gêntos-gêntos misungsung makatên, dene samangke dumugi giliranipun, mila piyambakipun lajêng rêrêmbagan kalihan kulawarganipun, sintên ingkang ngirit pisungsung wau. Tuwin sintên salah satungggal ingkang purun dados kurban kangge wilujêngipun ngakathah. Ing ngriku Kunthi lajêng wicantên asêmu bingah, manawi anakipun salah satunggal ingkang badhe ngirid, sarêng brahmana mangsuli manawi piyambakipun botên kadugi anindakakên damêl ingkang nistha, inggih punika adamêl pêjahing tamunipun, Kunthi wicantên: manawi para brahmana kêdah karêksa, sarta para putranipun sami prakosa, dados botên [bo...]

--- 2 : 75 ---

[...tên] sagêd kasoran, ing nalika wau Kunthi lajêng animbali Bima, ingkang kalihan suka pirênaning manahipun badhe anglampahi sarta asung pamudharan dhatêng ingkang dipun pondhoki. Wêkdal samantên Yudhisthira dhatêng, ugi lajêng mirêng lêlampahan wau. Piyambakipun sangêt sumêlang mila amambêng kalihan sinandi, dene Bima kapurugakên dhatêng bêbaya agêng. Ananging Kunthi mangsuli: bilih angsung pituwas dhatêng ingkang dipun pondhoki tuwin kamardikan dhatêng praja ingkang kasangsaya, punika pandamêl utami, sarta Bima kêdah anglampahi pandamêl utami wau, amargi punika kawajibaning satriya. Kalampahan Bima angirid grobag sêkul tuwin lêmbu, sadumugining padununganipun raksasa, Bima kraos luwe, mila lajêng linggih kalihan nêdha sêkul babêktanipun, raksasa anyêlaki sarta andugang gêgêripun Bima, sakawit Bima mèsêm, taksih nglajêngakên anggènipun nêdha. Raksasa lajêng ambêdhol kajêng kapupuhakên, ananging kajêng agêng pupuhing rasêksa kacêpêng dening tanganipun kiwa, tanganipun têngên lastantun amuluki sêkul, sarêng sampun tuwuk, Bima wisuh sarta mirantos lumawan, sakalangkung rame anggènipun prang tandhing, dangu-dangu Bima unggul, raksasa gêgêripun kadêngkèk linandhêsan ing jêngku.

--- 2 : 76 ---

Sasampunipun Bima paring priksa dhatêng tiyang wawêngkonipun raksasa ingkang anêdha kawulanipun, lajêng mantuk kalihan raos sênêng. Tiyang ing praja ngriku sakalangkung bingah dene mêngsahipun ingkang anggêgirisi sampun pêjah, dados sagêd têntrêm gêsangipun. [§. 135-136.]

Ing satunggaling dintên wontên brahmana mêrtamu dhatêng pamondhokanipun para Pandhawa, cariyos dhatêng para Pandhawa lêlampahanipun Drona kalihan Drupada. Sarta nyariyosakên risaking manahipun Drupada sarêng kawon prang tuwin icaling prajanipun sêpalih. Drupada kêpingin sangêt apêputra kakung ingkang sagêd ngawonakên Drona, mila lajêng damêl sêsaji agêng katur para dewa, pinarêngna kasinungan putra. Ing salêbêtipun pasamuwan, wontên pandhita angaturi pramèswarinipun Drupada supados dhahar martega sêsaji, murih kalampahan apêputra--putri tuwin priya--ananging pramèswari nata dèrèng mirantos, mila sang pandhita inggal angêsok martega wau dhatêng ing latu. Sami sanalika wontên jêjaka mêdal saking latu sampun ngangge makutha tuwin angrêgêm dêdamêl, sarta wontên swara: laire bocah iki kang dadi pangrusake Drona. Salêbêtipun tiyang sami kagawokan, wontên rara

--- 2 : 77 ---

kênya sakalangkung endah, mêdal saking têngah-têngahing papan wadhahing sêsaji (Altaar) kulitipun cêmêng manis, rambutipun cêmêng angandhan-andhan, sarta lajêng wontên swara kapiyarsa malih: rara kênya kang irêng manis iki dadi têtungguling wong wadon sajagad, sarta kang dadi jalaran karusakaning satriya pira-pira. Kawontênanipun ingkang priya, inggih punika Drêstajumêna, senapatining Pandhawa ing paprangan Têgalkuru, dene kang pawèstri punika Krêsna, [Drupadi] ingkang linangkung sulistya ing warni, sarta lajêng dados garwanipun para Pandhawa. Drona ingkang botên kasamaran dhatêng lêlampahan ing têmbe, putranipun Drupada wau kawulang amangun prang, kangge pituwasipun sapalihing kaprabon ing Pancala ingkang sampun kajarah.

Wêkdal samantên Wiyasa martuwi dhatêng para Pandhawa, sarta dhawuh supados sami dhatêng prajanipun Drupada, narendra ing Pancala. Wiyasa ngandika bilih Dèwi Krêsna putrinipun Drupada, punika gêsangipun ingkang sampun kapêngkêr, marambah-rambah anggènipun mêmuji ing dewa, nyuwun supados kaparingana guru laki, amargi panyuwunipun rambah kaping gangsal, pramila panjanmanipun malih lajêng kagarwa dening satriya gangsal, inggih punika pawèstri ingkang kagadhang dados garwanipun para Pandhawa. Awit saking [sa...]

--- 2 : 78 ---

[...king] punika Wiyasa kalampahan dhawah supados para Pandhawa sami pangkata dhatêng karatonipun Drupada. Salêbêtipun lumampah, amargi saking pamrayoginipun satunggaling gandarwa, para Pandhawa mampir ing dhepokipun Bagawan Dumeya, nêmbung kêparênga angirit lampahipun para Pandhawa. Salêbêtipun lumampah, minôngka gurunipun, pandhita wau amituruti, para rajaputra kaakên siswanipun, sami kairid dhatêng Pancala, samargi-margi tansah kapapakan para brahmana ingkang ugi lumampah dhatêng Pancala, wigatos badhe angèstrèni sayêmbaranipun Prabu Drupada, mila lajêng sêsarêngan kalihan para Pandhawa. Ingkang binukti ing samargi-margi saking anggènipun papriman kados limrahing brahmana.

Prabu Drupada, ingkang asêsilih Yajnasena, sampun dangu anggènipun kêpengin mundhut mantu Arjuna, awit wuninga dhatêng titisipun Arjuna manawi anjêmparing. Drupada yasa gandhewa ingkang kagalih sanèsipun Arjuna botên kawawa amênthang, sarta adamêl lesan ingkang kagandhulakên ing awang-awang, sasampunipun lajêng undhang- undhang, sintêna tiyangipun ingkang kawawa mênthang gandhewa Pancala tuwin sagêd pramana anggènipun jêmparing dhatêng lesan ingkang sampun kasadhiyakakên, [kasadhiyaka...]

--- 2 : 79 ---

[...kên,] badhe kadhaupakên kalihan putrinipun, kathah para narendra ingkang sami lumêbêt ing sayêmbara, Sri Krêsna kalihan kadangipun sêpuh, Sri Baladewa, inggih Sang Balarama, ingkang satêngah sihipun sampun kapengin priksa malih dhatêng Arjuna sakadangipun, dene sampun dangu botên pinanggih.

Sayêmbara dipun wiwiti, para satriya gêntos-gêntos amênthang, ananging botên wontên ingkang kuwawi, wêkdal samantên Dèwi Krêsna tansah amandêng kalayan paningalipun agilar-gilar dhatêng ingkang têmbe dados guru lakinipun, sadaya para satriya sampun botên wontên ingkang kawawa amênthang, mila Karna majêng amênthang gandhewa wau ingkang lajêng pinasangan jêmparing. Nalika para putranipun Pandhu sampun têlas pangajêng-ajêngipun, ing ngriku Dèwi Krêsna ambêngok, suwantênipun kadi gêntha salaka, makatên: aku ora gêlêm karabi dening Suta, mila Karna enggal anyèlèhakên gandhewa lajêng kesah. Sakesahipun Karna, Arjuna majêng, katingalipun kados brahmana nem-neman, dêdêgipun pidêksa, warninipun bagus, gandhewa kacêpêng lajêng kapênthang, katingal mayar kemawon sarta lajêng kangge anjêmparing lesan ngantos kaping gangsal mencok sadaya. Ing nalika wau lajêng jawah sêkar, têtabuhan [têtabuh...]

--- 2 : 80 ---

[...an] sarta pasindhèning karaton sami angurmati. Dene Dèwi Krêsna ingkang sampun angrasuk raja kaputrèn mèsêm anyêlaki Arjuna kalihan amondhong bokor kancana isi sêkar sataman, sarta ngaturakên pangagêman sarwa pêthak, uncèn-uncèn sêkar ingkang arum gandanipun, lajêng kasampirakên ing pundhakipun Arjuna, ingkang makatên minôngka pratôndha Arjuna ingkang kapilih. Arjuna lajêng mêdal saking kalangan, Dèwi Krêsna tut wuri, amargi rumaos manawi sariranipun sampun dados boyongan, sarta dununging sihipun pancèn dhatêng piyambakipun, sanalika wau para narendra lajêng rame, suwaranipun: wadon iku golonganing satriya, dadi ora kêna kalilahake marang brahmana. Para ratu lajêng sami angroyok Arjuna nêdya angrêbat Dèwi Krêsna. Arjuna amênthang langkap, Bima ambêdhol mandira kangge lumawan dhatêng para nata ingkang sami angêmbuli. Salya ugi aningali, Duryudana punapadene Karna sarta sadaya tiyang sami kagawokan, dene brahmana kêkalih purun lumawan satriya pintên-pintên. Ing ngriku Sri Krêsna lajêng pêpèngêt dhatêng para narendra, manawi Dèwi Krêsna sampun sah dados boyongan, mila para narendra lajêng sami lêrêm, dene para Pandhawa mantuk [mantu...]

--- 2 : 81 ---

[...k] dhatêng pamondhokanipun.

Sadumuginipun pamondhokan, Dèwi Kunthi lênggah wontên ing sênthong. Para Pandhawa matur manawi antukipun punika kalihan ambêkta angsal-angsal saking anggènipun papriman, Kunthi mangsuli: apa sira dhêmên marang kabèh ? sarêng Dèwi Krêsna priksa lajêng ambêngok: kula botên sagêd matur. Yudhisthira ingkang dhatêng rumiyin piyambak, mila Kunthi lajêng andangu dhatêng Yudhisthira, kadospundi anggènipun ngrampungi, kadospundi ingkang kêdah dipun lampahi dening Dèwi Krêsna, murih Krêsna botên kalepetan ing dosa. Aturipun Yudhisthira Arjuna ingkang mênang, dados inggih kêdah Arjuna ingkang angrabi, ananging Arjuna matur manawi botên wênang anglangkahana sadhèrèkipun sêpuh kêkalih. Sanalika wau Yudhisthira èngêt dhatêng wêcanipun Sang Wiyasa ingkang sakalangkung mokal, mila lajêng matur: ing nguni sampun kawêca, bilih Drupadi badhe dados semahipun tiyang gangsal, wêkdal punika Sri Krêsna lumêbêt, sasampunipun ngaras padanipun Kunthi lajêng ngandika: ingsun Krêsna, sadaya lajêng gêntos-gêntos ambagèkakên kalihan suka pirênaning panggalih, nanging sasampunipun anggèning linggih sami lajêng amisah, supados sampun rumaos manawi putranipun Prabu Pandhu. [Pa...]

--- 2 : 82 ---

[...ndhu.] Sabibaring bujana, para Pandhawa kalihan Sri Krêsna lajêng sami jèjèr sare, Dèwi Kunthi wontên nginggil, Drupadi wontên ing daganipun para Pandhawa. Sadèrèngipun sare, para Pandhawa sami wiraosan kalihan Sri Krêsna prakawis dêdamêl tuwin paprangan, kados limrahipun para satriya, mila Drêstadyumêna ingkang angintip prêlu badhe nyumêrêpi kawontênaning sadhèrèkipun èstri ngantos têrang pamirêngipun, enggal wangsul, matur ing rama, manawi tiyang nem-neman ingkang mênang sayêmbara punika sanès brahmana, sanès wasiya, tuwin sudra, katitik saking rêmbagipun têtela satriya, bokmanawi malah putranipun Pandhu.

Prabu Drupada amarwatasuta, enggal matah pandhita, kadhawahan mratitisakên, sintên kawontênanipun sadaya punika, ananging Yudhisthira amung purun ngakêni, manawi Drupadi punika kaboyongipun sarana lampah utami, mila sang prabu sampun ngantos mrihatosakên sanès-sanèsipun, amargi Drupadi mêsthi dhaup kalihan senapati, ingkang sampun sagêd anêtêpi sayêmbaranipun, wêkdal samantên lajêng dipun bawani, sang prabu anglêmpakakên sadhengah ingkang prayogi kangge bujana sakawan golongan,§ brahmana, satriya, wisiya, tuwin sudra. sabibaring bujana para Pandhawa angambili [anga...]

--- 2 : 83 ---

[...mbili] wiraosan prakawis panduking dêdamêl, sang prabu karênan, amargi anggalih manawi pancèn satriya, dangu-dangu sang prabu andangu, sintên kawontênanipun sadaya wau. Yudhisthira prasaja manawi putranipun Prabu Pandhu, sarta nyariyosakên uncatipun saking pakuwon ing Waranamarta, tuwin lêlampahanipun sarêng dêdunung ing wana.

Sasampunipun lajêng angrêmbag pikramanipun Dèwi Krêsna. Prabu Drupada ngandika, ing antawisipun para Pandhawa gangsal punika sintên ingkang badhe dados jatukramanipun. Saking aturipun Yudhisthira, kang ibu sampun dhawuh, bilih Krêsna badhe kadamêl rêrukunan, wicantênipun: kula sadaya kalihan sênênging manah anggadhuh rajabrana satunggal, ingkang sampun sami dipun panggih. Ananging Prabu Drupada botên panuju ing galih, dhawuhipun: kapriye dene wong wadon siji dirabi wong lima,§ sarojaning kajatènipun, Drupadi karabi ing Pandhawa gangsal: punika isbat kawontênan adêging kamanungsan kita. Raosing badan punika wadhahing antakarana 4 tuwin atma 1. Katrangan ingkang anjawèkakên. hèh atmajaning Kunthi, aja sira padha anglakoni dosa, utawa nyulayani tata cara apadene Wedha.

Aturipun Yudhisthira: tutuk kula botên nate angêcapakên têtêmbungan ingkang cidra, manah kula botên nate kaisèn ing dosa, tiyang sêpuh kula sampun dhawah dhatêng kula, saha kula sampun condhong.

--- 2 : 84 ---

Ananging Prabu Drupada botên mrayogèkakên, mila ngantos dangu anggènipun wawan pangandika. Ing nalika wau kasaru rawuhipun Wiyasa, mila lajêng sami angancarani. Sang Wiyasa enggal anyêlaki Prabu Drupada sarwi ngandika, bilih para putranipun Pandhu gangsal, punika Indra sêkawan ingkang rumiyin, dene ingkang satunggal punika Indra ingkang jumênêng samangke. Amargi saking cipta kalampahanipun Indra lajêng ngatingal ambadan dados sadhèrèk gangsal, dene Dèwi Krêsna, punika Bathari Sri, manjanma dados prawaning manungsa, wigatos sagêdipun kagarwa dening Indra. Sadèrèngipun linairakên sampun tampi dhawuhipun mahadewa, bilih Krêsna badhe dados garwaning priya gangsal, amargi anggènipun nyuwun kaparingan priya, ngantos kaping gangsal, Drupada lajêng marêngakên, dados Dèwi Krêsna kalampahan dados garwanipun Pandhawa gangsal. (§ 167-200)

Para Pandhawa antuk kanugrahan malih, Sri Krêsna ngintuni rajabrana agêng, nanging Duryudana kalihan para mitranipun, sarêng mirêng prakawis murutipun para Pandhawa, lajêng sami prasêtya malih. Karna botên tèdhèng aling-aling, mrayogèkakên lajêng dipun lurugi prang, mupung para Pandhawa dèrèng patos kuwawi. Ananging Sang Bisma pêpèngêt, sampun ngantos gagrêjêgan kalihan Pandhawa,

--- 2 : 85 ---

prayogi sami arêrukunan, amargi para Pandhawa wajib anggadhahi sapalihing nagari. Pangandikanipun: têtalêse wong kasinungan kasantosan iku saka jênênge bêcik, Kurawa bakal nugraha, yèn Pandhawa ora anêmahi pati. Hèh gêgembonging manungsa, Kurawa bêgja dene Kunthi isih urip, wong sajagad durung padha krungu kapriye lêlakone Kunthi, wong-wong mau ngarani yèn dosane Purocana durung sakdosanira, o, prabu taruna, sutane Pandhu isih urip ora katut kobong, sarta banjur ketok manèh, biratên mêmalane kabêcikanira.

Kawruhana, para Kurawa ! sajrone para senapati mau isih urip, nadyan dewaning balêdhèg ora bisa angrêbut wajibing Pandhawa andarbèki saparoning nagara. Pandhawa bêcik-bêcik lan rukun, ambêbayani upama ora dibagèi saparoning nagara kang wus dadi wajibe. Yèn sira kêpengin adil, utawa sira gêlêm anglakoni murih padha rahayu, sira kudu anglilakake saparoning praja marang Pandhawa. Drona sumambung suraosipun sami kemawon kalihan pangandikanipun Bisma, punapadene Widura, ananging Karna kêkah botên miturut, wêkasan Prabu Dritarastra dhawuh dhatêng Widura supados [supa...]

--- 2 : 86 ---

[...dos] mêthuk para putranipun Kunthi.

Kados punapa bingahipun tiyang Ngastina sarêng Pandhawa dhatêng, tiyang sanagari sami bingah-bingah, sarta Prabu Dritarastra lajêng maringakên sapalihing nagari dhatêng para Pandhawa, kadhawahan ngadhaton ing Kandhawaprastha. Ucaping tiyang kathah Kandhawaprastha punika sakalangkung wingit, ewadene botên watawis lami Pandhawa sampun amangun kitha wontên pêpèrènganing wukir mituruti pitêdahipun Wiyasa, kithanipun sakalangkung asri, kadi kadhatonipun Sang Hyang Indra, mila lajêng winastan Indraprastha.

Ing satunggaling dintên, Maharsi Naradha angrawuhi para Pandhawa, dhawuh pêpèngêt, supados rêrukunanipun sampun ngantos risak, amargi saking pawèstri satunggal karabi tiyang gangsal, panjênênganipun andhawuhakên pranatanipun, sabên Dèwi Krêsna nuju wontên salah satunggal, manawi wontên sanèsipun ingkang ngrêsahi, kêdah kasingkirakên dhatêng wana, laminipun kalihwêlas taun, kacariyos satunggaling dintên, wontên durjana ingkang andhustha rajakayanipun satunggaling brahmana, mila lajêng ngaturi uninga dhatêng Pandhawa, nyuwun adil, Arjuna mirêng tuwin sagah badhe angadili, ananging sadaya dêdamêlipun wontên ing gêdhong ingkang sawêg kangge lalênggahan kalihan Dèwi

--- 2 : 87 ---

Krêsna. Kadospundi lampahipun Arjuna, manawi botên amitulungi dhatêng brahmana wau, tiyang badhe anênacad dhatêng panjênêngan ratu, amargi narendra botên karsa angukum dhatêng tiyang dosa, ingkang makatên winastan dosa. Dene manawi Arjuna lumêbêt ing kamar, piyambakipun kêdah nglampahi kakendhangakên, osikipun: nanging luwih bêcik aku dêdunung lan mati anèng ngalas, kabêcikan luwih luhur tinimbang badan, sanadyan badan rusak, kabêcikan ora bisa ilang. Mila Arjuna lumêbêt ing kamar, matur dhatêng ingkang raka manawi badhe mêndhêt dêdamêl, sasampunipun inggal anututi durjana, kacêpêng rajakayanipun kawangsulakên dhatêng ingkang gadhah malih. Arjuna wangsul dhatêng kadhaton, marêki raka nyuwun pamit badhe lumêbêt ing wana, supados têtêp kados prasêtyanipun. Yudhisthira sakalangkung prihatos, pangandikanipun: lah pêpêthinganing para senapati, ingsun wêruh apa mulane dene sira kongsi lumêbu ing kamaringsun, prêlu arêp ambirat kang sira anggêp arêp andadèkake dosaningsun, pangrasaningsun sira ora ala, wurungna karêpira nêdya angalas, pituhunên pitutur ingsun, kabêcikanira ora karêgêdan, sira ora pisan-pisan dosa marang ingsun, nanging Arjuna matur: kula mirêng piyambak,

--- 2 : 88 ---

panduka dhawuh tiyang kêdah angatos-atos manawi anglampahi kawajiban, kula botên sagêd sumimpang saking margining kasêtyan, inggih kasêtyan ingkang minôngka kasêktèn kula.

Angluhurakên dhatêng kasêtyan punika titikaning bôngsa Arya ingkang gampil dipun sumêrêpi, sarta katingal cêtha wontên ing sêrat punika. Bêkti dhatêng katêmênan, suminggah saking paracidra, punika kula nyumêrêpi dêdunung wontên sawiyah tiyang jalêr èstri ing sawarnining golongan miwah darajad, satunggaling bôngsa Arya têmtu botên purun kumêcap cidra, amargi cidra kaanggêp adamêl kalingsêmaning lêluhuripun.

Sang Arjuna ingkang kalis ing dosa lajêng pangkat dhatêng pambucalan, nalika Arjuna adus, sarta anglampahi wajibing panêmbah, lajêng kacêpêng dening Ulupi, widadarining toya, putrinipun ratuning naga. Tumuntên kagèrèt dhatêng lèpèn dununging kadhatonipun, dados Arjuna badhar anggènipun mêmuja, lajêng mriksapriksa. latu murup ing salêbêting kadhaton, ewadene kalihan raos têntrêm anggèning nglajêngakên pujanipun, sasampuning paripurna lajêng andangu dhatêng pawèstri wau, punapa darunanipun têka anyaruwe anggènipun mêmuja. Widadari mangsuli: bilih onêng dhatêng sulintyaning sulistyaning. warninipun, Arjuna mituruti, manggèn [manggè...]

--- 2 : 89 ---

[...n] wontên ing ngriku ngantos enjingipun malih. Sawêdalipun saking toya, Arjuna anglajêngakên lampahipun, andon angêlangut, sarta kampir ing panggenan-panggenan pasucian, kalunta-lunta ngantos dumugi ing prajanipun Sri Krêsna. Sang prabu amapagakên, lajêng kairid dhatêng Dwaraka, ing ngriku Arjuna priksa dhatêng Sumbadra kadangipun Sri Krêsna, ingkang sakalangkung endah ing warni, sangêt kayungyun dhatêng Sumbadra, dhawuhipun Sri Krêsna, lampahing para satriya, kêdah sarana kadhustha. Arjuna lajêng ngaturi sêrat dhatêng kang raka, sarêng sampun kaparêngakên, Arjuna ngêntosi wanci ingkang prayogi, sarêng kamanah sampun wancinipun, Sumbadra kadhustha, Sumbadra anjêrit mila para pangagênging bôngsa Yadawa punapadene bôngsa Wrêsni sami dhatêng atêtulung, sangêt nêpsu nêdya nyêpêng dhatêng Arjuna, ananging Sri Krêsna lajêng angarih-arih dhatêng ingkang sami ambujêng, sarta dhawuh supados kakinthila kemawon, tuwin sami amêmitrana malih, amargi ing pundi sagêd manggih priya ingkang pantês dados guru lakinipun Sumbadra angungkuli Arjuna. Para ulu-uluning bôngsa wau sami miturut dhatêng pêpèngêtipun Sri Krêsna, mila Arjuna ngantos sawatawis dangu wontên ing Dwaraka. Sarêng sampun dumugi wêwangên anggènipun kakendhangakên, Arjuna mantuk dhatêng Indraprastha kairing [ka...]

--- 2 : 90 ---

[...iring] dening Kesawa miwah Prabu Balarama. Para pêpêthinganing bôngsa Yadawa sarta Wrêsni, sami ambêkta rajabrana agêng tuwin pitik iwèn rajakaya, minôngka bêktaning pikramanipun Sumbadra. Sarêng sampun dumugi ing Indraprastha Sumbadra pêputra, sinung nama Abimanyu. Sri Krêsna sangêt sihipun, yuswanipun botên panjang, ananging kaèbêkan suwur, amargi Abimanyu punika panjanmanipun Warcas, putranipun Bathara Soma, ingkang sampun marêngakên kang putra nilar kaswargan nanging amung salêbêtipun nêmbêlas warsa, parlu ambangun prang wontên ing Kurusetra. Pangandikanipun Bathara Soma: saka paprangan ing Têgal Sukci gon ingsun mêruhi baline putraningsun. (§ 201- -223-67)

Ing satunggaling dintên Arjuna kalihan Kesawa sami ambêbêdhak dhatêng ing wana, dipun panggihi dening Bathara Agni, nanging amindha brahmana, wigatosipun brahmana wau nyuwun pitulungan supados wana Kandhawa ingkang kaayoman dening Sang Hyang Indra punika kabêsmia. Brahmana mratelakakên manawi piyambakipun tampi dhawuhipun Hyang Brahma supados nyuwun pitulung dhatêng Sang Nara miwah Narayana, ingkang sarêng wontên ing dunya asêsilih Arjuna tuwin Sri Krêsna, mila samangke manggihi sakalihanipun parlu nyuwun pitulung. Wangsulanipun Arjuna, [Arju...]

--- 2 : 91 ---

[...na,] sariranipun botên kagungan langkap ingkang kenging kangge mituruti sapamintaning brahmana, punapadene kathahing jêmparingipun botên anyêkapi, sarta pratela manawi kêdah gadhah rata paprangan ingkang pangiridipun bantêr, tuwin dêdamêl linangkung kangge tumrap Sri Krêsna. Sami sanalika Bathara Agni angèsthi Bathara Waruna, dewaning toya, lajêng ngatingal, Bathara Agni nyuwun dhatêng Bathara Waruna supados amaringana langkap ingkang sinêbut gandhewa sarta jêmparing ingkang botên sagêd têlas, rata paprangan agêmipun Prabu Soma, punapadene daludag ingkang aciri wanara dhatêng Arjuna, dene Krêsna kaparingana sanjata cakra ingkang sakalangkung misuwur, Waruna mituruti sapamintanipun. Bathara Agni lajêng anêmpuh wana Kandhawa, nanging Bathara Indra tumuntên anurunakên jawah. Arjuna enggal anglêpasakên jêmparing angèbêki ing ngawang-ngawang, ngantos rapêt kadidene songsong. Salêbêtipun gangsalwêlas dintên wana Kandhawa sampun kabêsmi, botên wontên wit-witan tuwin têtuwuhan ingkang kantun, ewadene amung wontên titah gêsang nênêm ingkang katut kabêsmi. Wontên satunggaling Asyura nama Maya, ingkang nêdha pangayomanipun Arjuna.

Saparipurnaning karya, Hyang Indra ngatingal, sakalangkung rêna nguningani [ngu...]

--- 2 : 92 ---

[...ningani] dhatêng kaprigêlan saha kakêndêlaning putranipun, lajêng matêdhakakên nugraha dhatêng Arjuna tuwin Kesawa. Arjuna matur ing Hyang Indra: yèn sira wus tinampan dening mahadewa, hèh sutaning Pandhu, ingsun banjur maringake kabèh gêgamaningsun, Sri Krêsna nyuwun, supados pamitranipun kalihan Arjuna sagêd lastantun salami-laminipun. (§ 224 - 239)

Adiparwa sampun tamat.

Paprangan Agêng

Bab IV Kadospundi kêmpaling mêndhung kalihan prahara.

Samangke dumugi babagan kaping kalih saking Sêrat Mahabarata, ing ngriku nyariyosakên tigang lampahan ingkang lajêng dipun namèkakên Sabaparwa.

Jêngandika saèstunipun taksih sami kèngêtan, bilih nalikanipun wana Kandhawa kabêsmi, wontên satunggaling danawa nama Maya ingkang mèh katut kabêsmi. Amargi saking gênging panuwunipun dhatêng Arjuna, dene dipun pitulungi, danawa wau nêdya amalês kasaenanipun Arjuna. Ananging Arjuna botên karsa anampèni, wangsulanipun Arjuna botên adamêl sêriking manahipun danawa wau, sarta kados sacaraning kaprabon. Wêkdal Maya dhêlêg-dhêlêg mirêng wangsulanipun Arjuna, lajêng dipun dhawuhi supados Maya angaturana tandhaning panuwunipun dhatêng Sri Krêsna. Maya matur bilih kêpengin misungsung dhatêng panjênênganipun, Kesawa kèndêl sakêdhap, wêkasan ngandika, prayoginipun Maya ngaturana para undhagi, badhe kadhawuhan ngiyasakakên kadhatonipun Yudhisthira. Maya matur sandika, lajêng dhatêng kitha Indraprastha angukur pasitèn, ingkang badhe kaadêgan [kaadê...]

--- 2 : 94 ---

[...gan] kadhaton.

Wêkdal samantên Sri Krêsna kundur dhatêng prajanipun. Suwawi sami angraosakên sakêdhap bêktinipun Sri Krêsna dhatêng para sêpuh. Panjênênganipun wau têtela dewa angejawantah, ewadene nalika pamitan dhatêng Arjuna, mawi mitungkas, supados Arjuna ngaturakên sêmbahipun dhatêng Dèwi Kunthi tuwin para brahmana, sarta taklimipun dhatêng Yudhisthira sarta Bima, amargi kalihipun punika langkung sêpuh tinimbang sariranipun (§ 2). Wontên ing dêdongengan sanèsipun, kula manggih cêcriyosan, awit saking karsanipun piyambak, Sri Krêsna kêparêng amijiki sampeyanipun para brahmana. (§ 35). Sri Krêsna botên pisan-pisan kêparêng angungasakên manawi suksmanipun sanyata luhur, asarana botên angraosakên dhatêng pangaji-aji. Kosok-wangsulipun, Sri Krêsna têtêp ing kawajiban angaosi dhatêng sintêna ingkang kuwadhaganipun langkung sêpuh saking sariranipun, karsanipun ingkang makatên dadosa tuladaning akathah.

Maya matur dhatêng Pandhawa, bilih piyambakipun mêntas adamêl sêsaji kalihan para danawa wontên ing talaga Windu, angsal sêsotya sakalangkung kathah, punapadene manggih gada satunggal [satungga...]

--- 2 : 95 ---

[...l] wontên ing talaga wau, gêgadhuhanipun ratuning danawa, sarta thothokipun Hyang Baruna, nama Dewadata. Pangangkahipun gada kaaturakên dhatêng Bima, thothok dhatêng Arjuna, sêsotya nawarêtna kangge waragad anggènipun badhe angêdêgakên kadhaton ing Indraprastha. Mila temboking kadhaton kadamêl saking jêne, makatên ugi gapuranipun, sami kaukir sêsêkaran sakalangkung alus, ing prênahing sêkar tuwin wohipun sami kadèkèkan sêsotya miwah jumêrut, katingal pating pancurat anyandhik ayu. Sêla-sêlaning patamanan kadèkèkan balumbang ingkang tinêpi ing marmêr, tinrètès ing mutyara, sarta kadekekan undhak-undhakan kristal, ing têngahing balumbang katanêman tunjung môncawarna, kaingahan maliwis sarta pêksi toya sanès-sanèsipun. Salêbêtipun kawanwêlas côndra, kadhaton ingkang tanpa timbang adinipun wau sampun paripurna, Pandhawa lajêng adamêl rajasuya [sêsaji adêging karaton] para narendra môncapraja sami kaaturan, bab kapisan punika kacariyos wontên ing parwa punipunika. (§ 314).

Maharêsi Naradha rawuh, ing nalika para Pandhawa priksa sang maharêsi tumêdhak, enggal sami amapagakên. Anggènipun [Anggènipu...]

--- 2 : 96 ---

[...n] angurmati sarana tataning kasusilan ingkang kacariyos ing ngriki, inggih punika para Pandhawa sumungkêm ing siti, lajêng tata lênggah. Ing ngriku Rêsi Naradha andangu dhatêng sêsêpuhing Pandhawa sêmu karênan, wigatos badhe anguningani punapa Prabu Yudhisthira sampun anêtêpi wajib ingkang dados jêjibahanipun. Miturut piwulang Hindhu, ratu punika jumênêngipun, ingkang anêtêpakên para dewa. Kuwajibaning nata sakalangkung awrat, sarta kêdah ananggêl sêsanggêmanipun, tumrap pakaryan ingkang botên wontên sampunipun, inggih punika angêgungakên bakti. Bilih ratunipun sae, sadaya ingkang tumrap dhatêng praja miwah têtiyanganipun saèstu prayogi. Têmbe ugi badhe mirêng pangandikanipun Sang Bisma, prakawis kawajibaning narendra. Ing ngriki Maharsi Naradha andangu prakawis punika dhatêng Yudhisthira, punapa Yudhisthira anggènipun anglampahi kawajiban dhatêng agami sampun tinêtêpan, lêrêmipun sampun samêsthining wancinipun, punapa Yudhisthira anggènipun amilih nayaka sampun pratitis, sarta ajêg pamblanjanipun dhatêng wadyabala. Punapa Yudhisthira sampun angayomi lare-lare ingkang tinilar pêjah tiyang sêpuhipun, amargi nglabêti nagari, punapadene dhatêng randhanipun, sarta punapa sampun paring pangayoman Kata "ngayoman" dalam teks asli terdapat pada hlm. 97 jilid 3.