Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 3)

Katalog:Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508
Sambung:
1.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 1). Bahasa dan Budaya | Wayang #270.
2.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 2). Bahasa dan Budaya | Wayang #271.
3.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 3). Bahasa dan Budaya | Wayang #272.
4.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 4). Bahasa dan Budaya | Wayang #273.
5.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 5). Bahasa dan Budaya | Wayang #274.
6.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 6). Bahasa dan Budaya | Wayang #275.
7.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 7). Bahasa dan Budaya | Wayang #276.

--- 3 : 97 ---

Mahabarata Jilid 3

Warahipun paduka nyonyah Dr. Ani Bèsên

Ingkang dipun ngalamati: Paprangan Agêng

Impunan saking Sêrat Mahabarata têmbung Sansêkrit.

Kajawèkakên dening: Radèn Mas Partawiraya, ing Surakarta

Kaêcap saha kawêdalakên dening: BOEKH, EN DRUKK.,,SWASTIKA" PASARPON - SOLO TELEFOON 430.

MAHA-BHARATA DEEL 3.

dhatêng mêngsahipun ingkang sampun nungkul. Punapa Yudhisthira marêngakên tiyang sami marêk, dados sabên tiyang botên ajrih pinanggih, kados anak pinanggih tiyang sêpuhipun. Punapa wêdaling waragad sawawrat, sapêrtigan, utawi sapalihing pamêdal. Punapa kabêtahanipun para among tani sampun kacêkap, punapa anggènipun angwontênakên wadhuk toya tuwin talaga sampun anyêkapi kathahipun, dados among tani botên kapêksa angêntosi toya jawah. Punapa tiyang padhusunan sampun botên kêkirangan wiji miwah têdha. Punapa Yudhisthira sampun anyambuti winih, sarta aniti manamimanawi. amongtani sarta ingkang sami nangkarakên rajakaya kêdah kawarah ngantos dados amongtani saha juru nangkarakên ingkang pratitis. Tuwin punapa Yudhisthira botên nate anêrak adil, ingkang amargi saking pamêksaning watak cêthil, piawon tuwin kumaluhur. Punapa wontên pamiwahaning para narapraja ingkang sarana rêruba. Punapa Yudhisthira sampun anitipriksa bilih anggènipun angindhakakên paos punika sampun adil yêktos, punapa anggènipun paring epahan utawi bôndha dhatêng para undhagi punika botên langkah saking 4 wulan. Punapa Yudhisthira sampun angayomi [a...]

--- 3 : 98 ---

[...ngayomi] prajanipun saking saliring bêbaya, punapadene ratu kawajiban dados bapakipun tiyang wuta, tiyang lempoh, tiyang bisu, tiyang lola, tuwin para ngulandara. Punapa Yudhisthira sampun anyingkiri dosa nêm prakawis, inggih punika: doyan tilêm, nganggur (edigheid), jêrih, butêng, ngêsèt, tuwin tanpa kêkêncêngan.

Satêlasing pangandikanipun Maharsi Naradha, Yudhisthira lajêng manguswa padanipun risang maharêsi, sarta sanggêm badhe anêtêpi sawarnining kawajiban ingkang kapangandikakakên wau. Ing ngriku Hyang Naradha andhawuhakên prakawis pakêmpalan ing dhatulaya kaswargan, (§5-11).

Awit saking cariyosipun Maharsi Naradha wau, lajêng kasumêrapan manawi amung ratu satunggal sinêbut Prabu Aricandra, ingkang sagêd dêdunung ing karatonipun Sang Hyang Indra, mila Yudhisthira lajêng matur kapengin priksa lêlabêtanipun Prabu Aricandra saha kawontênanipun kang rama. Dhawuh wangsulanipun Rêsi Naradha: amargi Sri Aricandra sampun adamêl sêsaji Rajasuya, dados tampi ganjaran sagêd dêdunung ing kaswarganipun Sang Hyang Indra, mila Pandhu amêmuji mugi anakipun, Sang Yudhisthira unggula ing jagad sarta adamêla sêsaji Rajasuya, dados [dado...]

--- 3 : 99 ---

[...s] Sang Hyang Indra sudarmanipun, lajêng anugrahani dhatêng putranipun, puwara sagêd anggayuh padunungan minulya kados Sri Aricandra. Pitungkasipun Pandhu kadhawuhakên dhatêng Yudhisthira dening Maharsi Naradha. Ananging Maharsi Naradha angèngêtakên awratipun ingkang sami angwontênakên Rajasuya. Sampurnaning sêsaji Rajasuya punika amung manawi ingkang angwontênakên wau nata binathara, môngka para ratu ing dunya punika kalampahanipun anungkul, amung dhatêng nata ingkang kawawa lampah adil, Yudhisthira lajêng aniti sariranipun piyambak, utawi têtarosan dhatêng ingkang sami sayogi tinaros, punapa sariranipun sagêd adamêl sêsaji Rajasuya. Kawontênaning prajanipun, punika sampun dados panitikan manawi adilipun Yudhisthira pantês jumênêng narendra. Yudhisthira salami- laminipun sangêt sih dhatêng kawulanipun, pakartinipun amung kangge kamulyaning tiyang sanagari, botên bau kapine. Panyêbutipun tiyang sanagari dhatêng panjênênganipun: Arjatasatru, pikajêngipun: botên gadhah mêngsah. Pamêngkunipun dhatêng sadhengah kadi dhatêng kadang warga, punapadene para ari tansah rumêksa tuwin ambiyantu. Para Pandhawa sangêt suka sukur ing dewa, dene prajanipun kalis dening saliring bêbaya. Anggènipun [Anggèni...]

--- 3 : 100 ---

[...pun] anjagi sawarnining golonganipun tiyang sanagari katiti sayêktos, kathah jawah, mila botên kêkirangan toya, nagari gêmah aripah ... sampun têtela sadangunipun Yudhisthira ngasta pusaraning kaprabon, botên wontên tiyang ngapusi, botên sumêlang bilih sakit, kabêsmèn, utawi pêjah saking racun tuwin tuju têluh sapanunggilanipun, pramila para nayaka sami rumojong dhatêng ratunipun ingkang sadu budi wau, anggènipun karsa adamêl sêsaji. Ananging panjênênganipun taksih tansah manglimbang ing batos, botên adaya-daya, lajêng kaèngêtan bilih para wicaksana botên nate kacidran, amargi sabên badhe anindaki saliring pandamêl, salami-laminipun sampun karaosakên rumiyin. Wasana sampun têtêp karsanipun, mila lajêng ngaturakên nawala dhatêng Sri Krêsna, suraos atêtarosan, amargi priksa manawi botên wontên ingkang sayogi tinarosan kajawi Sri Krêsna. Kacariyos Sri Krêsna lajêng rawuh, kaaturan manawi badhe adamêl sêsaji Rajasuya. Ing ngriku Sri Krêsna pratela manawi wontên pambênganipun agêng, pangandikanipun Krêsna: Yudhisthira sampun pantês angwontênakên Rajasuya, ananging kalampahanipun punika bilih para raja sampun angratu dhatêng Yudhisthira, [Yu...]

--- 3 : 101 ---

[...dhisthira,] ing môngka wontên satunggaling narendra asma Prabu Jarasanda, sakalangkung kawasa, saèstu botên purun nungkul. Prabu Jarasanda gadhah pangangkah badhe damêl sêsaji tiyang satus sami narendra sadaya. Sampun wontên ratu wolungdasa nêm ingkang tinawan lajêng kawarôngka, dados jangkêpipun satus amung kirang kawanwêlas. Pangandikanipun Sri Krêsna: amila sintêna ingkang sagêd angalang-alangi piawonipun Jarasanda, suwuripun tamtu kawursita wontên ing manahipun tiyang sajagad, Sri Krêsna mrayogèkakên lajêng sami anglurugi Prabu Jarasanda. (§ 12-15).

Sasampunipun wiraosan, pinanggihipun anggèning anglurugi Prabu Jarasanda kêdah botên ambêkta wadyabala, amargi wadyanipun Jarasanda sakalangkung agêng. Langkung prayogi Bima kalihan Arjuna kairit dening Sri Krêsna piyambak. Sri Krêsna mratelakakên karosanipun Bima tuwin kasêktènipun Arjuna. Ananging Yudhisthira botên anayogyani, margi angèngêti agênging bêbaya ingkang badhe sami dipun panggih, Sri Krêsna matur: manawi paduka anguningani manah kula, paduka pitados dhatêng kula, minôngka tandhaning pitados paduka wau maringna Bima tuwin Arjuna kalayan sampun maras ing panggalih.

--- 3 : 102 ---

Yudhisthira matur sarwi ngrarêpa, manawi tamtu miturut dhatêng Krêsna, aturipun: Arjuna tuwin Bima ingkang badhe andhèrèkakên paduka, ratuning bôngsa Yadawa. Têtela kasaenan, rajabrana tuwin kakiyatan ingkang adamêl kasêmbadaning sêdya. Katiganipun sami anamur panganggenipun sanataka brahmana, lajêng pangkat dhatêng Magada, kithanipun Prabu Jarasanda. Ananging bedanipun kalihan lampah-lampahing brahmana, sarêng sampun cêlak kalihan kitha Manggada, katiganipun wau lajêng angrisak rêdi sela pêpundhènipun tiyang sanagari. Lumêbêt ing kitha mêdal kontên bêbutulan, sadumigining kitha lajêng angrêbat uncèn-uncèn sêkar sarta pangangge lajêng sami dipun agêm. Sadumugining dhatulaya, katiganipun kawuningan ing Sang Prabu Jarasanda, enggal amapagakên kadi satataning katamuan brahmana. Ananging sang mindha brahmana botên karsa nampèni bêktinipun Jarasanda, Kesawa pratela, sang prabu kaparênga nampèni sasampunipun têngah dalu. Sarêng sampun dumugining môngsa ingkang sampun katamtokakên sang prabu manggihi, lajêng pitakèn, punapa darunanipun dene sang brahmana sami beda kalihan kalimrahanipun. Snataka brahmana botên nate angrarêngga sarira kalihan uncèn-uncèn sêkar, sarta botên akêkonyoh gônda

--- 3 : 103 ---

wida, tuwin angrêrisak, lêbêtipun ing kitha mawi gôragodha. Sri Krêsna mangsuli: manawi para satriya sarta para wisiya, tamtu priksa yêktos dhatêng sêsanggêmanipun para snataka brahmana, katampi kados brahmana, dene sêkar punika atêgês kamulyan. Lêbêtipun dhatêng padununganing mêngsahipun, mêdal ing kontên bêbutulan, tuwin anggènipun lumêbêt ing griyaning mêngsahipun badhe nglaksanani punapa ingkang dipun êmbani. Mila kula sadaya botên purun nampèni pahargyan. Prabu Jarasanda sakalangkung ngungun, lajêng pitakèn: punapa sababipun têka sami nêmaha anyênyamah ing sariranipun. Wangsulanipun Sri Krêsna, amargi sariranipun priksa dhatêng sêdyanipun Prabu Jarasanda, anggènipun badhe sêsaji manungsa dhatêng Rudra. Dados dhatêngipun wau nêdya amambêngi pandamêl awon. Sri Krêsna mrasajakakên asmanipun tuwin namaning kanthinipun, wasana manantang: hèh Narendra Manggada, ingsun takon marang sira, apa prang apa sira angluwari para narendra kang padha sira warôngka nêdya sira angkatake marang kaprabone Hyang Yama. Sang Prabu Jarasanda, nêdya lumawan, amung prajanji manawi kasoran putranipun kagêntosna, sarta ingkang kapilih dados tandhingipun: Bima. Kawanwêlas dintên anggènipun prang tandhing, wêkasan Bima priksa

--- 3 : 104 ---

manawi mêngsahipun sampun loyo, mila lajêng cinêpêng kaobat- abitakên lajêng kakêplèkakên ing pupu. Sapêjahipun Jarasanda, Krêsna angluwari para narendra saking pawarangkan, nitih ratanipun Prabu Jarasanda kalihan Bima tuwin Arjuna. Para ratu ingkang sami dipun luwari punapadene putranipun Prabu Jarasanda, sami nungkul dhatêng Prabu Yudhisthira. Salajêngipun Sri Krêsna kalihan ari kêkalih kondur kalayan suka amarwata suta. (§ 6-24)

Para Pandhawa sakawan lajêng sami angirit wadyabala pangkat angêlar jajahan, Arjuna mêngalèr, Bima mangidul, Nangkula mangilèn, dene Sadewa mangetan. Ing pundi-pundi lajêng sami nungkul dhatêng Yudhisthira. Samangke Pandhawa sampun wiyar jajahanipun, sadaya ingkang linampahan dening para ari, punika tumrap kadangipun sêpuh. Sadaya ingkang sampun katêlukakên sami kaaturakên, sadaya jarahanipun ugi kaaturakên kang raka, mila Prabu Yudhisthira lajêng sagêd angwontênakên sêsaji Rajasuya. (§ 25-33)

Manawi tiyang maos Sêrat Mahabarata sabên-sabên tamtu lajêng èngêt dhatêng kasugihanipun praja Hindhu ing jaman kina, inggih punika nalika kawruh agami taksih kamanah parlu piyambak,

--- 3 : 105 ---

dene prakawis kadunyan kadamêl ôngka kalih. Sarêng pamanahipun dhatêng prakawis kasuksman kêndho, Hindhu lajêng lêsu, ngantos dados boyonganipun ingkang angawonakên, wusana rajabrananipun kasumêrêpan, sarta lajêng sumêbar. Kita asring priksa griya tembok agêng tur sakalangkung sae, pinasangan candhela pintên-pintên ingkang inêbipun karêngga-rêngga ing kancana, kamar nglêbêt tinêpi ing motyara, undhak-undhakanipun katutup ing babut prangwêdani. (§ 34) Ing antawisipun rajabrana agêng ingkang dipun kalêmpakakên dening Prabu Yudhisthira, botên amung sêsotya nawarêtna ingkang sakalangkung kathah kemawon, ananging ugi pintên-pintên têkên tuwin gada jêne, sabên ingkang cêpênganipun saking gadhing tinrètès ing intên jumêrut, punapadene wadhahing dêdamêl, rata paprangan, sakalangkung adi. Singêp ingkang saking rambut, pangangge ingkang saking pita tuwin sutra, prangwadani ingkang panjang sarta endah, pasarean sae-sae, ingkang dipun karodhong dening tênunan kasulam ing renda, sutra, gôndawida tuwin kajêng candhana. Tuwin malih maèwu-èwu dipôngga, kapal, kuldi, tuwin kemar (Meulesel) samêkta dalasan kêkapa sarta palananipun. Ing pundi-pundi tiyang priksa wêwarnèn ingkang anêngsêmakên sarta adi-adi. Botên wontên sanèsipun [sanèsipu...]

--- 3 : 106 ---

[...n] ingkang langkung cêtha anggènipun anêdahakên luhuring kagunan saha kawruhipun tiyang Hindhu kina, kasugihanipun ingkang tanpa petangan, sarta gêmah ripahipun, kajawi cariyos pamiwahan agêng ingkang kasêbut ing Sêrat Mahabarata tuwin Ramayana. Tuwin malih ing ngriku ugi nyariyosakên tata raharja sarta gêmah ripahing nagari. Dipun cariyosakên pintên-pintên griya agêng panggènaning andhasarakên pintên-pintên sawarnining dêdagangan, suyasanipun para luhur ingkang rinêngga-rêngga sakalangkung asri. Nugrahaning Pangeran ingkang kapatêdhakakên inggih punika agami, bêkti, têtêping wajib, tuwin kasaenan, gunggunganipun sawarnining kasaenan pinanggih wontên ing ngriku, punapadene sagunging bôndha.

Para nata saking nagari pundi-pundi sami tumut angèstrèni sêsaji agêng wau, Nangkula kautus ngunjuki uninga ing Prabu Drêtarastra tuwin Sang Bisma dhatêng Praja Ngastina. Widura, Drona, tuwin para putranipun Prabu Drêtarastra, akanthi Karna miwah Krêpa, tuwin senapati sanès-sanèsipun, ingkang sami kacariyos ing dongèng punika ugi sami mrêtamu. Yudhisthira ngaturakên sakathahing rajabrana agêng wau dhatêng Sang Bisma tuwin Bagawan Drona, sarta para pinisêpuh, kanthi panyuwun mugi sami kaparênga [ka...]

--- 3 : 107 ---

[...parênga] paring pitêdah ingkang kêdah dipun lampahi. Sadaya kalampahan kalayan prayogi ngantos dintên wêkasaning pamiwahan, inggih punika nalika Yudhisthira badhe siniram ing tirta nugraha minôngka pratôndha têtêpipun jumênêng nata. Sarêng Maharsi Naradha aningali sakathahing para narendra ingkang sami angêmpal ing ngriku, kalêmpakan ingkang kaping kalihipun saking pamiwahan wau, panjênênganipun kèngêtan dhatêng cacriyosan bab para dewa ingkang sami manjanma dados manungsa, tuwin Sang Narayana manjanma pribadi, punapadene anggalih manawi Narayana badhe tumuntên anyaponi para ratu pintên-pintên wau. Sang maharsi lênggah kalihan kaèbêkan raos, bilih sadaya sami ringkih, katumusan sayêktos, amargi lajêng kamirêng suwara ingkang mratandhani wiwiting pasulayan agêng. Jalaran Bisma manguwuh para nata, kaaturan argya gêntos-gêntos, urut luhur tuwin sêpuhing kaprabonipun, Yudhisthira matur: ing antawisipun para narendra punika sintên ingkang kaaturan rumiyin. Bisma anudingi Krêsna sarwi ngandika: kang pindha srêngenge ing antaraning sagung kang sumorot, mangkono uga sênêning netyane priyagung iki anèng antaraning para narendra. Mila Sahadewa lajêng angaturakên argya ing Sri Krêsna, sarta lajêng tinampèn. [tinampè...]

--- 3 : 108 ---

[...n.] Ing nalika wau Prabu Sisupala narendra ing praja Cèdhi, jumênêng sarwi anguwus-uwus dhatêng para Pandhawa, sarta nêtah mamakipun Bisma dhatêng kasusilan, mratelakakên manawi Krêsna sanès narendra, ugi sanès ingkang sêpuh piyambak, punapadene sanès guru tuwin pandhita, kapirit saking punapa kemawon, kathah ingkang luhuripun angungkuli Krêsna. Punapa ta darunanipun dene angaturi para narendra, lajêng dipun lingsêmakên sarana anganggêp luhur piyambak dhatêng tiyang sanès narendra. Sisupala mêdal saking papan pambujanan kalihan amêngku duka, katut wingking dening para nata sanès-sanèsipun. Yudhisthira anututi, ngaturi wangsul sarwi angarih-arih, ananging Bisma sarosa amambêngi: sing sapa kang ora nayogyani Kesawa iya pinituwaning jagad, kaluhurake, iku ora prêlu kaarih-arih. Dene patrap sarta wicara arum kêdah kapisungsungakên ingkang sinukci sarta samangke maujud manungsa wontên ing ngriki. Sahadewa manantang dhatêng sintêna kemawon ingkang botên anayogyani Krêsna inggih sudarma sarta guru, kaluhurakên, Nangkula wicantên: sintêna ingkang botên purun angluhurakên Krêsna, kêdah kaanggêp pêjah kemawon, sanadyan tiyang wau taksih ebah, sarta botên parlu dipun ajak rêmbagan [rêmbaga...]

--- 3 : 109 ---

[...n] malih.

Ingkang wontên ing pasamuwan agêng wau sami anjêngêr, Sang Bisma lajêng dhawuh dhatêng Yudhisthira ingkang sangêt sumêlang, bilih anggènipun sêsaji botên kalampahan kalayan prayogi, pangandikanipun Sang Bisma: sêgawon saèstu botên sagêd adamêl pêjahing singa. Sri Acisuta, (Krêsna) kaupamèkakên singa tilêm. Sisupala anguwus-uwus dhatêng Sang Bisma malih, sarta lajêng nêdya mrawasa, ananging kanggêg amargi dipun èngêtakên dening Bisma, bilih Sisupala sampun kawêca badhe sirna dening Sri Krêsna, awit saking sêsanggêmaning ibunipun, manawi Sisupala sampun kaping satus anggènipun adamêl kalingsêmanipun Sri Krêsna. Ramening swaranipun ingkang sami rêbat lêrês, sampun kèndêl, wêkasan Sang Bisma pratela malih, manawi Guwinda ingkang kumêdah-kêdah kaaji-aji dening para ratu, sarta nêdha kalêstantuna patrapipun, anantang ingkang agêgaman cakra miwah jala. Punika dipun togna kemawon, jalaran pancèn mangajab enggala pêjah. Bab puniku Sang Bisma ingkang sampun uninga bilih Sisupala sampun wancinipun pêjah dening Sri Krêsna. Ing nalika wau Sisupala anantang Krêsna, ingkang lajêng amangsuli kalayan aris, manawi panyamahipun ingkang sampun tansah kaapuntên,

--- 3 : 110 ---

punika anêtêpi sêsanggêmanipun dhatêng ibunipun Sisupala, samangke sampun jangkêp kaping satus, wêngis wangsulanipun Sisupala, Sri Krêsna lajêng angèsthi cakra, wêkasan katingal sampun karêgêm, katamakakên, Sisupala pagas jangganipun, dhawah kadi rêdi sela ingkang kasambêr ing gêlap. Sapêjahipun Sisupala lajêng têntrêm malih, Sri Krêsna ingkang nata supados sêsaji kalampahan samêsthinipun, sarta Yudhisthira kajumênêngakên narendra, nuntên tinampi ing surak mawurahan dening sagung para ratu. Sabibaring pamiwahan, para narendra sami kundur dhatêng prajanipun sowang-sowang. Sri Krêsna ugi nêdya kundur dhatêng Dwaraka, nanging nalika badhe pamitan, Wiyasa dhawuh mêmêca dhatêng Yudhisthira, manawi badhe wontên lêlampahan ingkang kirang prayogi, sarta sirnanipun para satriya amargi saking anggènipun pasulayan. Yudhisthira ingkang nêmbe kajumênêngakên nata sarta manggih kamulyan wau, sirna sadaya raosipun, ingkang kantun amung raos awrating panggalih, tuwin angatos-atos, sampun ngantos angucapakên têtêmbungan ingkang kirang prayogi, supados sampun nêwahakên pasulayan, ingkang dados jalaraning prang. (§ 34-46)

Duryudana botên lajêng kundur, ngantos sawatawis dintên, amriksani suyasa iyasanipun Maya, kairing dening Sangkuni. Ngantos [Nga...]

--- 3 : 111 ---

[...ntos] rambah-rambah Duryudana anggènipun kalingsêman amargi saking pangwasaning Maya. Duryudana lukar pangagêmanipun anggèning badhe langkung wontên palataran kaca, amargi katingal toya, sarta kacêmplung ing talaga kinintên kaca malih. Sirahipun kajèglug ing kontên kaca awit botên angintên bilih mawi inêp kristal, tuwin analusur kontên mênga kinintên manawi minêb.

Bima, Arjuna, tuwin Nangkula Sadewa, punapadene para kawula sami gumujêng sora, sarêng priksa Duryudana anggènipun tansah kalintu wau. Duryudana sakalangkung runtik, mila lajêng kondur kalihan meranging galih tuwin sangêt mangunêk-unêk, wêkasan ngantos kalair panggrêsahipun dhatêng kang paman Prabu Sangkuni, narendra ing Gandarapura, sarwi pratela bilih badhe anganyut tuwuh. Pamudalèhipun: manawi kula ningali luhuring kaprabon, agênging kasugihan saha mulyaning sêsajinipun, sintên ta tiyangipun ingkang botên rumaos sangsara, para putranipun Prabu Dritarastra sami amblês, ing môngka putranipun Prita sabên dintên saya andêdêl kaluhuranipun.

Prabu Sangkuni mangimur-imur, sarana nyariyosakên alusing pambudidayanipun, manawi Pandhawa botên sagêd risak sarana prang, inggih kêdah asarana cidra. Tuwin lajêng amêmêca: sutanipun [suta...]

--- 3 : 112 ---

[...nipun] Kunthi punika manahipun rêmên ngabotohan, môngka sayêktosipun pancèn botên sagêd. Mila manawi Yudhisthira katantang botohan, tamtu purunipun, kula sagêd sangêt dhatêng kasukan dhadhu. Dhuh têdhaking Kuru, ing dunya botên wontên tiyang ingkang sagêd ngawonakên kula, malah tribawana pisan, botên wontên ingkang sami kalayan kula. Pramila suwawi kadangua, punapa piyambakipun purun kaajak ngabotohan, manawi purun, tamtu kasoran dening kula, o: nak prabu, kaprabonipun Yudhisthira tamtu kula jarah katur ing paduka, wusana paduka manggih kamulyan, ananging sadaya wau kêdah munjuk kang rama sang prabu, manawi kang rama paring dhawuh dhatêng kula, sampun botên sêmang-sêmang malih, manawi sadaya raja darbèking Pandhawa têlas dening kula.

Kalampahanipun Prabu Sangkuni ingkang julig punika matur makatên, amung saking wêlasipun dhatêng putra kapenakan, Gandara lajêng marêk ing ngarsanipun Prabu Dritarastra, angaturakên ngênêsing manahipun Duryudana. Sang prabu lajêng animbali Duryudana, pangandikanipun, supados Duryudana sampun anglajêngakên sêdyanipun ingkang kirang prayogi wau. Ananging Duryudana ingkang sangêt wangkalipun sampun botên keguh, atur wangsulanipun, [wangsu...]

--- 3 : 113 ---

[...lanipun,] bilih piyambakipun rumaos kasoran kasugihan tuwin kaluhuranipun, môngka Sangkuni mrayogèkakên, raja darbèking Pandhawa sagêdipun ngawonakên sarana ngabotohan. Prabu Drêtarastra botên sagêd angidèni panyuwunipun Duryudana, sadèrèngipun atêtarosan rumiyin kalihan Widura, mila lajêng utusan animbali kang rayi. Aturipun Duryudana: manawi kang rama botên amarêngakên, piyambakipun badhe anganyut tuwuh, sarta lajêng pratela: manawi kula sampun pêjah, sang prabu, paduka badhe mukti kalihan paman Widura. Sarêng Widura dhatêng Prabu Dritarastra dhawuh, manawi karsanipun badhe angintunakên panantang, dene ingkang piniji kautus dhatêng Pandhawa Widura. Widura kalayan risaking manahipun nêdya pamitan dhatêng Bisma. Ing nalika punika Prabu Dritarastra angarih-arih ingkang putra malih, supados anyandèkna pikajêngipun. Nanging Duryudana puguh, matur kados punapa kasugihanipun tuwin luhuripun Pandhawa, mila piyambakipun sangêt kapengin dhatêng sadaya isèn-isèning kadhaton ingkang sakalangkung anèh punika. Pangandikanipun kang rama: o, gèr, aja amèrèkake Pandhawa, marga sing sapa mèrèn iku salawas-lawase ora tau bêgja, lan tansah sangsara kaya wong kang kalah prang. Adhuh putraningsun, [putra...]

--- 3 : 114 ---

[...ningsun,] melik marang darbèking liyan iku watak asor, kosok baline: sing sapa kang narima sadarbèke dhewe, iku nugraha. Sanadyan kang rama sangêt mambêngi, amargi kagalih kirang prayogi kadadosanipun, ewadene Duryudana lêstantun kêncêng pangangkahipun, minôngka lintuning rinêbat prang, inggih punika rinêbat sarana dhadhu. Prabu Drêtarastra pancèn kirang santosa panggalihipun, lajêng mupus, kagalih manawi pêpasthèn langkung luhur tinimbang punapa kemawon, sarta botên kenging dipun singkiri, kasupèn manawi pêpasthèn punika dumados saking pandamêling manungsa. Kalanipun tiyang taksih gadhah kêkêncêngan, tiyang wau kawasa angewahi pêpasthènipun. Widura wangsul lajêng matur: dhuh ratuning bawana, karsa paduka makatên wau, ulun botên nayogyani, sampun ngantos kalajêngakên, sumêlanging manah ulun, bokbilih adamêl asoring darajadipun bôngsa paduka. Sanadyan kados punapa botên condhongipun Widura, ewadene Widura mêksa pangkat ambêkta panantang dhatêng Pandhawa, amung saking angèngêti ingkang dhawuh punika kadangipun sêpuh tur ratunipun.

Sadumugining Kandhawaprastha, Widura sakalangkung risaking panggalih, dene kapêksa andhawuhakên dhatêng Yudhisthira manawi

--- 3 : 115 ---

katimbalan kang uwa, dhatêng suyasa ingkang nêmbe kaêdêgakên, prêlu badhe kaajak kasukan dhadhu. Yudhisthira enggal matur, manawi kasukan asring dados dhakdhakaning pasulayan, wêkasan lajêng nyuwun pamrayoginipun kang paman Sang Widura, kadospundi ingkang kêdah linampahan, wangsulanipun kang paman, mênggahing kasukan dhadhu punika witing karisakan, mila kados punapa aturipun murih kaparêngipun Sang Prabu Drêtarastra makatên wau kasandèkakên, ewadene sang prabu mêksa amatah sariranipun manantang. Pangandikanipun Widura: gèr: panêmuku kudu sira lakoni, dhuh sira kang wus ora kasamaran marang kawajibanira, ingsun iya abot bangêt anglakoni ayahan, kang prêlu manantang dhadhu, ananging angèngêti ambêk utamaning kasatriyan, ora kêna selak yèn katantang, sanadyan ingsun, pancèn ora pisan-pisan gêlêm anglakoni ngabotohan, ewadene manawa si kianat Sangkuni nantang ingsun anèng ing pasamuwan, saananing ajang mêsthi dak-ajangi, amarga kaya kang wus padha disumurupi, yèn ing atasing satriya pêrang iku angungkuli pati.

Kanthi risaking panggalih, Prabu Anèm Yudhisthira kalihan para ari tuwin garwanipun pangkat dhatêng têgal kasangsaranipun. Ing têlênging [têlêng...]

--- 3 : 116 ---

[...ing] batosipun Yudhisthira isi watak rêmên ngabotohan, amung kemawon anggung pinambêngan saking sampun sagêd mangrèh dhatêng sariranipun. Para dewa ingkang anggarap murih watakipun ingkang makatên wau sirna, mila badhe paring piwulang awujud kasangsaran inggih punika wohing pandamêlipun ingkang kirang prayogi.

Sadumugining Astinapura, Yudhisthira sakadangipun kapondhokakên wontên suyasa wêwangunan enggal. Sarêng pasamuwan kaping tiganipun, ingkang sampun têtela badhe dados jalaraning karisakanipun para Pandhawa, sampun samêkta, (§ 47-58).

Prabu Sangkuni ingkang julig sarta culika manawi kasukan dhadhu, manantang dhatêng Yudhisthira, ingkang wangsulanipun kapirêng ing kathah, bilih anggènipun kasukan kêdah lampah salugunipun. Ananging Sangkuni sampun tanpa wirang mangsuli, manawi anggènipun kasukan punika badhe ngangkah mênang, dados manawi Yudhisthira pancèn ajrih, inggih kenging lajêng sumingkir. Amargi Yudhisthira sakalangkung merang mirêngakên pangerang-erang makatên wau, mila lajêng mangsuli, kalihan ngatingalakên kêkêndêlanipun. Manawi kula katantang, mêsthi kula botên badhe mundur, awit punika sêsanggêman satriya. Ananging sintên ta ingkang sagêd angimbangi piyambakipun,

--- 3 : 117 ---

Duryudana anotohakên raja darbèkipun, nanging kang paman Sangkuni, ingkang kapatah nyêpêngakên anggènipun kasukan, punika botên dados sarjuning panggalihipun Yudhisthira, dene dadak mawi nyaraya tiyang sanès, ingkang makatên anêrak tatacara. Sangkuni enggal angancarani, dhuh sang winasis, punapa paduka kêparêng, dene manawi sampun mirantos, suwawi lajêng dipun wiwiti.

Ing ngriku lajêng wiwit kasukan dhadhu kalihan mawi totohan agêng, Yudhisthira notohakên sangsangan uncèn-uncèn mutyara. Sangkuni enggal anguncalakên dhadhu, wêkasan ambêngok: aku mênang. Yudhisthira angêtohakên sêsotya nawarêtna sanèsipun, ananging Sangkuni anjêlèh malih, suwawi kapriksanana, kula kang mimpang. Yudhisthira anotohakên rata kaprabon. Sangkuni ingkang cidra pambucaling dhadhunipun, bêngok malih, kula mimpang. Yudhisthira angêtohakên pawèstri tumbasan, inggih kawon malih. Lajêng notohakên rencang tumbasan jalêr, dipôngga paprangan, dalasan gajahipun èstri, rata paprangan sarakitanipun sarta prajurit. Enggalipun raja darbèkipun Pandhawa, katotohakên sadaya gêntos-gêntos ngantos têlas, ing

--- 3 : 118 ---

nalika wau Widura lumêbêt ing pambujan, andhawuhakên timbalanipun Prabu Drêtrarastra, anyapih ingkang sami kasukan, amargi kasukan punika badhe angrênggangakên supêkêtanipun, adamêl kirang rukun, badhe anjalari kadadosan ingkang anggêgirisi. Duryudana ngabotohan kalayan Pandhuputra, sarta sakalangkung bingah, dene mênang, mênangipun wau anjalari pêrang, wasananipun adamêl karisakaning tiyang kathah. Apa sira panuju yèn sira bisa angukup sakèh raja darbèking Pandhawa, luwih bêcik Pandhawa bae kalahna, awit iku luwih aji tinimbang raja darbe, sabên wong wus padha sumurup kapintêrane Suwala (Sangkuni) yèn dhadhu. Ratu pagunungan, yèn dhadhu lakune cidra, cikbène dhèwèke bali marang ing ngêndi pinangkane, aja pisan sira amiwiti pasulayan lan têdhake Pandhu. Duryudana sangêt nêpsunipun, sarta angundhat-undhat pilih kasihipun Widura, sanadyan Widura punika suwita ing bôngsa Kuru, ewadene niyat ambiyantu Pandhawa. Kalayan têmbung wêngis Duryudana anggènipun angaturi kang paman supados sumingkir, tuwin lajêng anggarapa prakawisipun piyambak. Ucapipun Duryudana: nadyan wong wadon ala, yèn kawêngku ing priya, iya mêsthi abot marang priyane. Kalayan sakalangkung [sakalang...]

--- 3 : 119 ---

[...kung] merang ing panggalih wangsulipun Widura dhatêng ngarsanipun Drêtarastra, sarwi ngaturakên botên pilih kasihipun, Sang Widura ngaturakên kadospundi nêpsunipun Duryudana. Manawi Duryudana rêmên mirêngakên têmbung pamiluta, punapadene pancèn makatên wêwatakipun, tamtu Duryudana amilih mitra tiyang ingkang asor budinipun, ing pundi-pundia tiyang awon ungêlipun mêsthi sakeca kamirêngakên. Ananging tiyang ingkang purun mungêl sayêktosipun§ ungêl ingkang satêmênipun mêsthi botên sakeca kamirêngakên. manawi wontên prêlunipun, utawi purun mirêngakên ingkang botên sakeca kamirêngakên, punika awis sangêt. Widura punika têtela kanthinipun sang prabu ingkang rumêksa sayêktos, mila kadugi matur kadospundi prayoginipun, sanadyan aturipun wau dados karênan utawi botên dados rênanipun sang prabu. Widura ambêgipun prayogi, mila sarêng wontên prêlunipun, Widura botên ajrih anglairakên pamrayoginipun, sanadyan aturipun wau botên sakêca kamirêngakên: dhuh susuhunaning bawana, kêparênga angunjuk toya adil, anyingkura tindak pilih kasih, malah panalôngsa, nadyan punika gêtir, pêdhês, botên eca utawi angênêk-ênêki kadosdene jampi,

--- 3 : 120 ---

pukulun, amargi manawi kaparêng ngunjuk, paduka badhe manggih kautaman. Sasampunipun matur makatên, Widura lajêng andhingkluk kalayan sangêt karêrantan, kados minôngka pamitipun badhe anilar.

Ingkang kasukan sami taksih lêstantun, Yudhisthira angêtohakên sadaya kêkantunaning rajabrananipun, ngantos tanpa petangan, ewadene mêksa kawon malih. Sadaya raja darbèkipun Yudhisthira, kados ta: kawulanipun, nayakanipun, tuwin kaprabonipun sampun botên wontên ingkang kantun, punapa malih gadhahanipun ingkang kenging katotohakên, môngka bêntèring tiyang kawon ngabotohan tansah angrubeda, amung supêkêting kêkadangan ingkang dèrèng risak, dados Yudhisthira dèrèng katêlasan babar pisan. Kadospundi wicantênipun ingkang kalair ing lathinipun ingkang pucêt: samêngko Si Nangkula kang linuwih karosane, sarta kêndêl, iku uga darbèkku. Wêkasan lajêng kamirêng malih bêngokipun Sangkuni, samêngko Nangkula uga wus dadi wongku. Supêkêting pasadhèrèkan ingkang sukci punika sampun risak, botên watawis dangu ugi lajêng bibar, amargi Sahadewa lajêng katohakên, punapadene Arjuna, guruning jêmparing, sarta Bima ingkang pilih tandhing,

--- 3 : 121 ---

ananging ugi kawon. Sangkuni wicantên sêmu angerang-erang, punapa taksih kagungan punapa-punapa ingkang kenging kangge totohan, ing ngriku Yudhisthira lajêng angêtohakên sariranipun, nanging ugi kawon malih. Dados sakadang warga sadaya botên amung sangêt kasarakat kemawon, ananging ugi kawirangan, amargi satriya ngantos kalampahan dados tiyang tumbasaning mêngsahipun, têtela bilih asoripun sampun tanpa upami, dhawahipun sampun botên sagêd tangi malih: punapa ta kasangsaran sanèsipun ingkang badhe dhumawah malih.

Salêbêtipun sadaya sami kèndêl, ing ngriku kamirêng suwaranipun Sangkuni ingkang sakeca kêdaling pamicaranipun. O: Prabu Yudhisthira, taksih wontên sanèsipun, ingkang dèrèng jêngandika kawonakên, inggih punika: Drupadi, putri ing Pancala, dununging katrêsnan andika, suwawi katotohna, kangge sarana luwaring jêngandika. Amargi sangking pangerang-erang, narendra ingkang santosa wau, lajêng èngêt dhatêng gênging kasangsaran, ingkang tuwuh saking kobongipun tiyang kawon ngabotohan, cipta kados punapa ingkang makarti ing dêmakipun manawi mirêng namining katrêsnanipun kaungêlakên dening tukang begal. Krêsna (Dèwi Drupadi) [Drupa...]

--- 3 : 122 ---

[...di)] dununging katrêsnan, Krêsna ingkang sihipun dhatêng sariranipun kalayan sêtya tuhu. Krêsna ingkang linangkung kawicaksananipun, kalampahan sagêd mangrèh ing salêbêting dhatulayanipun, Krêsna mêmanik ingkang dumunung ing têlênging batos, sarta ibuning sutanipun jalêr misuwur tuwin luhur bangsanipun, ngantos kalampahan dipun totohakên. Kamirêngna panglinggamurdanipun ingkang kawêdhar wontên ing lathinipun Yudhisthira katingal gumêtêr: mêsthine iya kalah manèh dening dhèwèke, ananging iku wus ora beda karo panggawene, para satriya apadene ratu, yèn umangsah prang, mêsthi kongsi sapatine. Drupadi kangge totohan anggènipun dhadhu, panguwuhipun, dhuh têdhaking Supala, ingkang lênjang-lênjang pun Drupadi kula tohakên. Têmbung pangerang-erang kamirêng dipun ucapakên: adhuh-adhuh: têka wontên lêlampahan makatên. Sarêng Yudhisthira angêtohakên garwanipun, adamêl ebahing manahipun ingkang sami wontên ing pasamuwan, sawênèh wontên ingkang nangis, sawênèhipun ugi gumujêng. Ingkang sih dhatêng Pandhawa sami nangis, nanging ingkang sih dhatêng Kurawa sami gumujêng. Kathah para narendra ingkang sami manangis, ing ngriku lajêng kamirêng malih bêngokipun Sangkuni, suwawi kapriksanana kula mênang. Samangke sampun rampung, anggènipun kasukan bibar,

--- 3 : 123 ---

Pandhawa sampun têlas-têlasan.

Ing nalika wau, Duryudana amatah Widura, sêmu mangerang-erang, supados animbali pun Drupadi kadhawahana anyaponi jarambah, murih anêtêpi anggènipun dados pawonganing Kurawa. Kalayan aris Widura anggènipun angêndhat tuwin angèngêtakên, nanging Duryudana sampun botên kengguh, taksih anglajêngakên anggènipun nyawiyah dhatêng boyongan kamênanganipun. Duryudana dhawah dhatêng satunggaling abdi, animbali Drupadi. Abdi ingkang kautus wau kadi angganing sêgawon ingkang lumêbêt ing panggenan sima galak, lêbêtipun dhatêng kamar dunungipun para Pandhawa, anyêlaki Drupadi, ing ngriku lajêng andhawuhakên dhatêng Drupadi, manawi Drupadi sampun dados parêkanipun Duryudana, amargi dipun angge totohan anggènipun Yudhisthira kasukan dhadhu, mila lajêng kadhawahan anambut pakaryaning parêkan. Pramèswari Drupadi pitakèn kalihan sangêt kagawokan, kadospundi sababipun. Lajêng dipun wangsuli, manawi Yudhisthira sakawit anotohakên kadang-kadangipun, lajêng garwanipun. Kalihan polataning pawèstri ingkang anawung kanêpson, Drupadi anggènipun dhawah dhatêng utusan, wicantênipun: lungaa, takona

--- 3 : 124 ---

marang Yudhisthira, sapa ta kang ditotohake dhisik, salirane apa aku. Sawangsulipun utusan matur, manawi Yudhisthira botên ngandika punapa-punapa, amung andhingkluk sêmu rudatos, ing nalika wau Duryudana utusan tiyang supados ambêkta Drupadi dhatêng papan pambujanan, dados lajêng sagêd nyariyosakên kajêngipun. Tiyang ingkang kautus manahipun karaos lingsêm dhatêng tindakipun Duryudana makatên wau, ewadene mêksa lumampah anêtêpi wajibing dinuta, dados piyambakipun botên rumaos dosa. Drupadi dhawuh dhatêng utusan, supados nyuwun pamrayoginipun para pinisêpuh, kadospundi ingkang kêdah dipun lampahi, amargi sariranipun mirantos badhe anglêksanani sadhawuhipun para pinisêpuh kemawon. Utusan wangsul, ngaturakên wangsulanipun Drupadi, awit Sang Yudhisthira sampun rumaos bilih Drupadi sampun dados wêwêngkonipun Duryudana, sangking anggènipun badhe anêtêpi luhuring pambêkanipun, kalayan sangêt meranging panggalih, utusan dhawahakênandhawahakên. dhatêng Drupadi supados sampun ngantos suwala. Sarêng utusan rumaos botên kadugi mêksa dhatêng Drupadi, lajêng munjuk ing gustinipun, mugi amijia kang rayi: Sang Dusasana amêksa dhatêng Drupadi. Dusasana pangkat anglampahi [anglampah...]

--- 3 : 125 ---

[...i] ayahaning kadangipun ingkang ambêg siya, lajêng andhawahakên dhatêng pawèstri susila wau, supados miturut lumêbêt ing pambujanan, kalayan sêmu anjêjawad. Ing nalika wau Drupadi lumajêng kalihan sakalangkung maras nêdya dhatêng kaputrèn, ananging kabujêng dening Dusasana, wêkasan kacêpêng rambutipun ingkang panjang, cêmêng mêlês angandhan-andhan, kasèrèt dhatêng antawising pasamuwan, kados punapa sangsaranipun wanita bangsaning ngaluhur ingkang botên nate kasangsaya dening prahara, tuwin botên nate pinandêng dening pasêmon ingkang botên amêrak ati, môngka kaukêl rambutipun, ---ingkang dèrèng dangu mêntas kagrujug ing toya nugraha --- lajêng kalarak dhatêng ngajênging pakêmpalanipun tiyang jalêr kathahipun tanpa petangan, ngantos pangagêman ingkang anasabi saliranipun ingkang gumêtêr punika kantun salêmbar. Sampun satêngah kasupèn amargi saking kacêcamah kasusilanipun, Dèwi Krêsna anjêrit kalayan sangêt runtik, dene botên wontên satriya purun mambêngi dhatêng bangsanipun ingkang sasar tindakipun, punapa sadaya sami ajrih. Wicantênipun: punapa sababipun, dalasan pêpêthinganing bôngsa Kuru têka kèndêl kemawon aningali tindak ingkang sakalangkung dêgsura punika.

--- 3 : 126 ---

Para priyanipun, inggih gustinipun, punapa botên sagêd angrêbat. Botên, amargi katangsulan dening kawajiban, sarta piyambakipun botên wênang angluwari Drupadi. Sarêng Dusasana priksa manawi Drupadi sampun tanpa sraya, malah saya sangêt anggènipun anyênyamah, ucapipun: e batur tukon, aja kakehan swara. Karna gumujêng latah-latah, punapadene Sangkuni, amargi Dusasana tuwin Duryudana, sarta Karna saha Sangkuni, sami karaos nikmat dhatêng kawiranganipun Dewi Krêsna.

Ing nalika wau Bisma ngandika alon, sarwi sangêt aprihatos, prakawis punika sariranipun botên sagêd amrantasi. Nalika Yudhisthira sampun angêtohakên sariranipun, Yudhisthira sampun botên gadhah wêwênang angêtohakên, sanadyan taksih wontên pawèstri ingkang salami-laminipun kêdah kawêngku ing priyanipun. Pangandikanipun Bisma, punika kula botên sagêd damêl putusan. Nadyan Sang Bisma kawêkèn, sintên malih ingkang sagêd ngrampungi. Dusasana lêstantun anggènipun anyênyamah, ngantos Bima ingkang amargi saking sêsambating katrêsnanipun kalampahan kalair panutuhipun.

Kasangêtên panyiksanipun Yudhisthira dhatêng Drupadi. Sanadyan [Sanadya...]

--- 3 : 127 ---

[...n] sanès-sanèsipun kenging kasirnakakên, nanging kalintu sangêt ngantos Drupadi kakurbanakên. Wicantênipun Bima: dhuh prabu, amargi kangge prêlunipun Drupadi, kula ngantos nêpsu dhatêng panduka, asta panduka badhe kula bêsmi, hèh Sahadewa, anjupuka gêni.

Bêngokipun Wrêkudara ingkang kadi panggêroning singa kamirêng cêtha wontên ing pamirêngipun pasamuwan, ananging Arjuna, ingkang botên kalepetan ing rêrêgêd, ingkang satuhu kawasa mangrèh pribadinipun, lajêng amangsuli, Yudhisthira amung anêtêpi kautamèning satriya, kalampahanipun ngabotohan amargi katantang dening mêngsahipun, langkung malih punapa wênang tiyang angundhat-undhat sadhèrèkipun sêpuh. Wêkdal punika Bima mangsuli, kalayan sêrêng amargi pinêksa dening kanêpsonipun: o: Dananjaya, upama aku ora wêruh yèn kang linampahan dening sang prabu iki anêtêpi kasatriyane, mêsthi wus dakpikut banjur dakcêmplungake ing gêni murub.

Wêkdal samantên arinipun Duryudana, ingkang sêsilih Sang Wikarna, lajêng nyuwun têtimbanganipun para narendra ingkang sami wontên ing ngriku, kados pundi anggènipun amutusi dhatêng Drupadi. Sarêng para narendra botên wontên ingkang anjawab,

--- 3 : 128 ---

Wikarna lajêng pratela, manawi piyambakipun anganggêp, Drupadi botên kenging kaboyong: sadaya para narendra sami surak amrawata suta, dupi midhangêt ungêlipun Wikarna makatên wau. Ananging Karna, lajêng angawon-awon dhatêng Wikarna, manawi ungêlipun wau suraos anglêpatakên sadhèrèkipun sêpuh sarta sanès-sanèsipun, punapadene Karna kêdah nglajêngakên panganiayanipun dhatêng Drupadi, amargi punika adilipun. Mila lajêng mangatak dhatêng Dusasana, supados para Pandhawa kawudanana, makatên ugi Dèwi Krêsna. Para Pandhawa dipun wudani, kakantunakên lancinganipun, sasampunipun punika, Dusasana nêdya ambucal nyampingipun Drupadi ingkang kantun salêmbar.

Amargi sampun botên wontên tiyang ingkang sagêd amitulungi, sarta sampun kasingkur dening pitulunganing manungsa, mila putrining latu kurban lajêng aminta pitulunganipun juru pangayomaning titah ingkang botên antuk pitulungan, ucapipun: dhuh Guwinda, panduka ingkang ngadhaton ing Dwaraka, lah Sri Krêsna! tuwin anyêbut asmanipun Krêsna sanès-sanèsipun malih. Sri Krêsna midhangêt dhatêng sêsambatipun Drupadi, mila sakalangkung wêlas ing galih, lajêng rawuh sami sanalika, punapadene Hyang Darma, sami alêlimunan anasabi sariranipun Drupadi kalayan pangagêman [panga...]

--- 3 : 129 ---

[...gêman] ingkang sinulam ing bênang jêne, pramila sabên dipun sêndhal, ing nglêbêtipun sampun wontên nyampingipun, dados Drupadi botên nate katingal kulitipun, sanadyan ngantos kaping pintên atus kemawon, mêksa botên têlas, wêkasan Dusasana kasayahan lajêng linggih asêmu wirang. Bima ambêngok malih nglairakên prasêtya, sangêt adamêl mirising kathah: dhuh para satriya ing dunya, kaèstrènana prasêtya kula, bokmanawi ing nguni ugi dèrèng wontên sanèsipun ingkang prasêtya makatên, punapadene ing têmbe. Dhuh dhuh para narendra ing dunya, manawi kula botên anêtêpi prasêtya ingkang kula ucapakên samangke punika, mugi kula sampun ngantos sagêd lumampah ing margining para lêluhur kula ingkang sampun sami sawarga. Sasampunipun kula pêjahi wontên ing paprangan, pun druhaka Dusasana badhe kula suwèk dhadhanipun lajêng kula unjuk rahipun, bilih botên makatên, mugi-mugi kula sampun ngantos sagêd adêdalan ing margining lêluhur kula, amargi Dusasana anyênyamah dhatêng têdhak Barata. Prasêtyanipun wau anggêgirisi sangêt, sarta kalampahanipun ugi sangêt adamêl ngêrêsing manah.

Dèwi Krêsna taksih lêstantun anggènipun karuna, tuwin botên [bo...]

--- 3 : 130 ---

[...tên] wontên ingkang mitulungi. Karna mangatak ing Dusasana supados ambêkta Drupadi dhatêng pêngkêran. Dusasana wiwit anglarak malih dhatêng Drupadi, mila Drupadi nolèh manganan-ngering sarwi sêsambat. Ing nalika wau Duryudana rewa-rewa sagah dhatêng Drupadi, manawi Drupadi badhe kawangsulakên dhatêng priyanipun malih, bilih purun wicantên manawi Yudhisthira ingkang setya tuhu punika, sayêktosipun tiyang ingkang rêmên cidra. Bilih purun makatên Drupadi badhe kaluwaran saking anggènipun dados tiyang tumbasan, punapadene putranipun Hyang Darma ingkang salami-laminipun kukuh dhatêng kasaenan, ngantos kados Sang Hyang Endra, punika samangke sampun sanès gustinipun, ing nalika wau Wrêkudara ambêngok kalihan tanganipun kaobat-abitakên, ucapipun: Prabu Yudhisthira iku nyata adil, sarta sêsêmbahan kang sajati. Panjênêngane iku gustiku ing atase agama utawa kasutapanku, uga gustining uripku: manawi panjênêngane mau kaboyong, aku kabèh iya padha dadi boyongan. Karna anyênyamah dhatêng Drupadi, sarana amurih Drupadi padosa tiyang jalêr sanèsipun, ingkang botên nyabapakên piyambakipun (Drupadi) dados tiyang tumbasan, amargi kangge totohan anggènipun ngabotohan. Saking

--- 3 : 131 ---

mituhu dhatêng dhawahipun kang raka, sarta binônda dening kawajiban tuwin kasaenan, mila Bima lajêng andhingkluk sarwi angunjal napas kabêkta saking sangêt risaking manahipun, thêngêr-thêngêr kadi rêcaning tiyang nawung prihatos. Duryudana amêksa Drupadi supados tumuntên mangsuli. Sarta anggènipun nêdya adamêl murih saya sangêt risaking manahipun Bima, Duryudana nêmaha ngatingalakên anggènipun anjêjawat dhatêng Drupadi. Inggih punika cêthikipun kiwa kadhêsêkakên dhatêng lambungipun Drupadi. Kalayan sangêt nêpsu Bima wicantên sora: muga aku aja bisa angidak dalaning lêluhurku, yèn aku ora angrêmuk cêthikmu kiwa, anèng paprangan kang bakal kalakon. Punika prasêtyanipun Bima kaping kalihipun.

Wasana lajêng tinimbalan dening Prabu Drêtarastra, ingkang badhe adamêl ruwating prihatos. Sang prabu ngandika kalihan têmbung pangimur-imur, Drupadi kalihan gadhah panyuwun, punapa ingkang sang prabu sagêd, mêsthi badhe dipun parêngakên. Mila Drupadi lajêng nyuwun luwaripun Yudhisthira, murih anakipun jalêr sampun sinêbut anakipun tiyang tumbasan, sang prabu marêngakên, lajêng kadhawuhan nyuwun sanèsipun malih, Drupadi nyuwun luwaripun para kadang sak-dêdamêlipun, punika ugi kaparêng. Sarta kadhawuhan nyuwun [nyuwu...]

--- 3 : 132 ---

[...n] malih, nanging Dèwi Drupadi matur manawi sampun botên gadhah panyuwunan sanèsipun, amargi luwaring priyanipun punika sampun kaanggêp kacêkap sadaya kabêtahanipun. Ingkang makatên lêrês sangêt, ngantos Karna wicantên: Drupadi iku prau kang angêmot Pandhawa marang pagisikan saka gone kêlêb ing samodraning kasangsaran.

Sasampunipun mangarih-arih dhatêng kanêpsonipun Bima, Yudhisthira lajêng manêmbah sarwi matur dhatêng Drêtarastra, cumadhong dhawuh kadospundi ingkang kêdah dipun lampahi, amargi Yudhisthira kapengin lêstantun dados abdi. Dhawuhipun Drêtarastra, supados Yudhisthira inggal wangsul dhatêng prajanipun, tuwin ngasta pusaraning kaprabon malih. Aturipun Yudhisthira, amung badhe anglampahi sadhawuhipun, sarta lajêng supe dhatêng dêgsuraning tindakipun Duryudana, sanadyan sang prabu punapadene Dèwi Gandari taksih èngêt kemawon. Ananging sarêng Pandhawa sampun kesah, Duryudana inggal umarêk ing ngarsanipun sang prabu, pratela manawi Pandhawa sangêt nêpsunipun, dados mutawatosi sangêt manawi dipun kèndêlakên kemawon. Duryudana nyuwun palilahipun sang prabu, supados marêngna dhadhu malih sapisan kemawon, pundi ingkang kawon kêdah kasingkirakên dhatêng wana salêbêtipun kalih [ka...]

--- 3 : 133 ---

[...lih] wêlas taun. Salajêngipun nuntên manggèn ing padunungan ingkang botên kasumêrêpan ing tiyang, dene manawi ngantos kadênangan lajêng kabucal ngantos kalih wêlas taun malih. Sanadyan Dèwi Gandari matur manawi ingkang makatên badhe anjalari kasangsaranipun Duryudana, ewadene sang prabu mêksa paring palilah, saha sampun botên kengguh dening atur pamrayoginipun Druna, Widura tuwin para luhur sanès-sanèsipun, Pandhawa kapurih wangsul, lajêng katêdahakên putusaning rêmbak, mawi katêrangakên, manawi satêlasing wangênan tiga wêlas taun, pundi ingkang kabucal lajêng badhe kawangsulakên kaprabonipun. Kalihan sakalangkung ngêrês Yudhisthira anggènipun badhe dhadhu wêkasan punika, wasana inggih kawon malih.

Ing nalika wau para putranipun Pandhu inggal lukar busana kasatriyanipun, angrasuk pangagêman ingkang saking cucaling manjangan. Duryudana alatah-latah sarwi angerang-erang Drupadi, supados pados priya sanèsipun. Bima kadi singa ing Himalaya, marêpêki Duryudana kalihan pasêmon ingkang sakalangkung mangunêk-unêk, ananging botên damêl punapa-punapa, amargi Bima botên sagêd sumimpang saking kautamèn, Dusasana abêngok-bêngok, e sapi, sapi. Bima tinindhês [tinindhê...]

--- 3 : 134 ---

[...s] dening raosing kanêpsonipun, kalihan atutwuri kadangipun sêpuh, anggagas wutahing rah ingkang badhe kadadosan. Ananging Arjuna matur dhatêng kang raka kalayan alon: o: kakang mas, manawi trahing awirya tamtu raosing manahipun botên kawêdhar ing pamicara. Kawan wêlas taun saking dintên punika, panduka badhe nguningani kadospundi kawontênaning lêlampahan. Ucaping tiyang ingkang santosa punika wujud pandamêl. Salah satunggaling para ari sakawan wau wontên ingkang anêmtokakên anggèning badhe ngasorakên mêngsahipun. Pandhawa lajêng sowan ing Prabu Dritarastra, wigatos nyuwun pamit. Nalika Yudhisthira nyuwun pangèstu badhe pangkat, aturipun cinêkak nanging nawung raos trênyuh, botên wontên ingkang sagêd mangsuli, sadaya sami kêmbêng-kêmbêng nênggak waspa. Kados punapa lingsêming panggalihipun Yudhisthira, nanging sajatosipun inggih wêkdal punika anggènipun sami lêlumban ing tirta nugraha. Yudhisthira lajêng anitipakên kang ibu dhatêng Sang Widura, kalayan matur kendhangipun punika bilih botên kalèntu lampahipun, malah kados anyêmbuh kamulyanipun, têmah badhe antuk kakiyatan, ngantos mêngsahipun botên kawawa lumawan. Wangsulanipun kang paman: hèh atmajaning Kunthi, saka

--- 3 : 135 ---

pamrayogaku tumuli mangkata, o: têdhak Barata, nugraha kang bakal sira tampani, mêsthi ora ana wong kang ngarani yèn sira dosa: mula pangarêp-arêp ingsun, bisaa ingsun mêruhi balinira kanthi ora kurang sawiji apa, kalayan angrasuk makuthaning kamulyan ing dunya.

Sakalangkung rêmpu panggalihipun Kunthi kapisahipun kalihan para putra, ing batos kadi rinujid, nalikanipun badhe kapisah, nanging ugi lajêng kapêngkêr, amargi arak-arakan ingkang angêrêsakên manah punika lajêng botên katingalan.

Ingkang wontên ing ngajêng piyambak Yudhisthira, lampahipun kalayan anasabi pasuryanipun. Lajêng Bima, ingkang tansah angiling-ilingi baunipun kiwa têngên. Wingkingipun Arjuna, sarwi anyawur-nyawurakên pasir. Wingkingipun malih Sadewa, pasuryanipun dipun calerongi. Lajêng Nangkula, sariranipun sakojur binorehan ing balêduk. Wingkingipun Nangkula: Dèwi Krêsna, pasuryanipun kasasaban ing rukma, dene ing wingking piyambak Dumeya, tanganipun anggêgêm rumput kusa, kalayan gumrêmêng angucapakên mantraning Samawedha, ingkang sambêt kalihan Bathara Yama.

Prabu Drêtarastra amargi karaos sumêlang ing panggalih, mila andangu dhatêng Widura, kadospundi pikajêngipun, dene makatên [ma...]

--- 3 : 136 ---

[...katên] solahipun Pandhawa. Aturipun Widura, Yudhisthira pambêkanipun sae, dados piyambakipun botên purun maèlu dhatêng punapa kemawon ingkang badhe kadadosan, murih piyambakipun sampun ngantos dosa ingkang awit saking kanêpson. Dene Bima mangajap tumuntênipun dumugi dintên anggènipun badhe anglêksanani pangunêk-unêking manah dhatêng mêngsahipun, sarana karosanipun. Arjuna anyawur- nyawurakên pasir, punika pasêmon anggènipun badhe angudani jêmparing wontên paprangan. Pikajêngipun Sahadewa, pangajêng-ajêngipun, sampun ngantos wontên tiyang ingkang sumêrap dhatêng lêlampahanipun salêbêtipun sangsara. Dene Nangkula, wontênipun paraupan dalah badanipun sakojur binorehan ing lêbu, punika pikajêngipun, sampun ngantos wontên katrêsnan ingkang masesa ing piyambakipun. Drupadi tansah angèngêti semahing mêngsahipun, anggèning nangisi priyanipun têmbe satêlasing wêwangên, tamtu badhe kadosdene lêlampahanipun. Nanging pun Dumeya, sampun angrumiyini angidungakên mantra pahargyaning layonipun ingkang sami badhe sirna ing madyaning palagan ingkang badhe kalampahan.

Ing wêkdal punika jagad nangisi dhatêng kasangsaran ingkang dawêk [da...]

--- 3 : 137 ---

[...wêk] tumindak tuwin ingkang badhe kalampahan. Punapadene Bathara Naradha, katingalan kairing ing para maharêsi, lajêng ngandika: patbêlas taun saka dina iki, marga saka pialane Duryudana, para Kurawa bakal sirna kabèh dening kasêktène Arjuna lan Bima.

Sasampunipun ngandika makatèn, Bathara Naradha sapangiringipun lajêng musna sami sanalika, kados nalika rawuhipun. Sanadyan surya linimputan ing pêpêtêng, nalika angkatipun para Pandhawa dhatêng wana pambucalan, ewadene wêca kasangsaraning Kurawa katingalan cêtha ing manahipun ingkang sami mirêng.

Bab V Tiga Wêlas Taun Salêbêtipun Kakendhangakên

Kêdah sami nyumêrêpi lêlampahanipun para Pandhawa kalayan garwanipun, salêbêtipun kalih wêlas taun wontên ing wana, tuwin anggènipun anjajah ing parêdèn, sarta salêbêting warsa anggènipun dêdunung wontên ing kitha kalayan manamur. Tiga wêlas taun anggènipun anandhang cobi tuwin anggung sêmang-sêmang. Lêlampahan punika kadamêl kalih parwa, inggih punika kalih wêlas taun sadangunipun wontên ing wana kawastanan: Wanaparwa, dene cariyos lêlampahanipun ing warsa nalika anamur warna, kacariyos wontên ing Wirathaparwa. Wiratha punika asmaning narendra, ingkang nagarinipun dinunungan dening Pandhawa sadangunipun manamur.

Wanaparwa angêwrat lêlampahan pintên-pintên, punika parwa sawingkingipun Santiparwa, kawontênanipun panjang sangêt, sayêktosipun Wanaparwa pantês kapundhi-pundhi, dene panjang tuwin kaèbêkan suraos. Ing ngriku nyariyosakên dongenganipun para rêsi ingkang manggihi para Pandhawa, dongenganipun wau prayogi kangge anggulawênthah, tuwin amulang Pandhawa sadangunipun nandhang papa ing pambucalan. Tamtu tiyang ngrêtos, [ngrêto...]

--- 3 : 139 ---

[...s,] nanging sasêlaning pakaryanipun kêdah kawaos piyambak. Ing Wanaparwa jêngandika badhe priksa dhatêng lêlampahanipun sang tama, satunggaling awatara, inggih ratuning dewa. Sarta lêlampahanipun Sawitri, ingkang amargi saking bêkti saha juliging pambudinipun, ngantos sagêd angluwari priyanipun saking bêbaya agêng. Punika dongèng ingkang anêngsêmakên sangêt, punapadene babatipun Prabu Nala kalihan garwanipun ingkang akêkasih Dewi Damajanti, tuwin kasangsaranipun ingkang amargi anggènipun rêmên kasukan.

Dados para Pandhawa salêbêtipun wontên pambucalan angsal pitêdah pintên-pintên. Makatên ugi jêngandika inggih badhe manggih sêsêrêpan pintên-pintên, manawi jêngandika karsa mriksani lêlampahanipun para Pandhawa ingkang kawursita ing Wanaparwa wau.

Angkatipun para Pandhawa saking Astinapura, kathahing tiyang ingkang sami andhèrèkakên tanpa wicalan, awit sêdyanipun langkung prayogi andhèrèk dhatêng pambucalan tinimbang kantun wontên ing Ngastina, kaparentah dening Duryudana. Tiyang sami mungêl bilih rêmên dados kanthining kasaenan tinimbang piawon, amargi tiyang ingkang ambiyantu adil, punika sampun anglampahi [anglampah...]

--- 3 : 140 ---

[...i] pitêdahing agami, nanging sintên ingkang atut wuntat tiyang candhala, badhe suda-suda kasaenanipun.

Ucaping tiyang pintên- pintên wau: kula nêdya andhèrèk paduka, ingkang dados lantaraning gumêlaripun kautamèn. Kêkêncênganipun tiyang maèwu-èwu ingkang sami andhèrèkakên para Pandhawa kados ing ngandhap punika:

"kula mangangkah sagêdipun lastantun têtunggilan kaliyan panjênênganipun ingkang sami utami pambêkanipun, saha sampun ngantos kêmpal kalayan tiyang awon," satunggal kalihan sanèsipun wau sampun sayuk, manawi nunggil tiyang sakit, punika sagêt katularan sakitipun. Môngka sêsakiting pambêkan langkung anggêgirisi tinimbang sêsakiting badan. Tiyang sae sorotipun sukci, nanging tiyang awon nyorotakên rêrêgêd, kalih-kalihipun wau sami anênulari.

Tiyang sarawungan, amiliha tiyang sae, langkung malih para nèm-nèman, manawi sampun saya sêpuh, watakipun sampun langkung santosa tinimbang samangke. Mila botên gampil sagêdipun katut dening pambêkanipun tiyang sanès.

--- 3 : 141 ---

Ananging Yudhisthira priksa botên prayogi manawi kalampahan nilar ratunipun, môngka lajêng andhèrèk sariranipun, mila tiyang wau sami kadhawuhan wangsul. Amung pinitungkas supados sih sarta ingkang bêkti dhatêng Bisma, Drêtarastra, Widura tuwin Dèwi Kunthi, amargi punika kawistara sami sih dhatêng Yudhisthira sakadangipun.

Bilih tiyang rinèh ing Narendra ingkang kirang prayogi, botên lêrês upami anggènipun amaluya wau, sarana andaga utawi anilar ratunipun, amargi tiyang kêdah gadhah ratu ingkang kêdah dipun ladosi, inggih ingkang katêdahakên dening karmanipun tiyang wau. Manawi ratunipun awon, tiyangipun nagari wau kêdah alampah sae, dados karisakaning nagari wau tiyang ing ngriku ingkang kawajiban amaluya, sarana sêtya tuhu. Manawi tiyangipun, amirong kampuh jingga, tiyang wau têtêp dados pangrisaking usadanipun piyambak, wêkasan tiyang sanagari punapa ratunipun lajêng kalêpatan sadaya. Manawi tiyang kalayan sêtya tuhu dhatêng kawajiban, dewa tamtu kaparêng amitulungi tiyang wau, kados lêlampahanipun Duryudana sarêng sampun dumugi mangsanipun prang akarana adil anêmahi sirna. Duryudana kawon dening ingkang sami têtêp anggènipun [ang...]

--- 3 : 142 ---

[...gènipun] anglampahi wajibipun, makatèn piwulang Hindhu kina, wohing piwulang wau prayogi tumrap sintêna ingkang anglampahi, tur pikantukipun angungkuli lampah gagrag samangke ingkang awujud daga tuwin damêl rêrêsah.

Tiyang Ngastina lajêng sami mantuk, amargi saking dhawuhipun Yudhisthira. Dene para Pandhawa anglajêngakên lampahipun, urut têpining lèpèn Gangga, kadhèrèkakên dening para brahmana sawatawis, ingkang tansah angidungakên kidung sukci.

Enjingipun Yudhisthira sakalangkung prihatos, dene botên sagêd ngaturi dhaharipun para brahmana, ingkang padatanipun sadintên-dintên anggung pinisungsung dening tiyang maèwu-èwu. Amila para brahmana kaaturan anilar sariranipun, supados sampun sami nandhang sangsara jalaran kasarakat. Ewadene para brahmana botên karsa nilar, dados Yudhisthira mangkurêp ing siti sarwi karuna, sambat-sambat dènnya botên sagêd misungsung para brahmana. Brahmana nama Sunaka tansah mangimur-imur sampun ngantos Yudhisthira mrihatosakên sirnaning kasugihanipun, sarta matur prayoginipun Yudhisthira lajêng ambirata pêpènginanipun dhatêng rajabrana kadunyan. Yudhisthira mangsuli manawi botên kapengin rajadarbe ingkang badhe dipun agêm piyambak, [piya...]

--- 3 : 143 ---

[...mbak,] ananging amung kangge amisungsung para brahmana, ingkang sami masrahakên sariranipun dhatêng para Pandhawa. Kadospundi anggènipun badhe sèlèh kawajibanipun angêyomi dhatêng ingkang sami mangayom. Yudhisthira angucapakên ungêling piwulang utaminipun tiyang anyunggata tamu, angsung palêrêman dhatêng tiyang ingkang kasayahan, anyêgah palinggihan dhatêng tiyang ingkang sampun dangu anggènipun ngadèg, angsung toya dhatêng tiyang kasatan, sarta angsung têdha dhatêng tiyang kaluwèn, punapadene ulat manis, manah sênêng tuwin têmbung arum, anggènipun amapagakên tamunipun.

Satêlasing pangandikanipun Yudhisthira lajêng anolèh Maharsi Dumeya sarwi matur, kadospundi ingkang kêdah dipun lampahi. Dumeya matur supados Yudhisthira amêmuji dhatêng Bathara Surya, ugi anglampahi tapabrata tuwin angêningakên cipta, supados antuk sarana ruwating prihatosipun. Yudhisthira lajêng jumênêng ing lèpèn Gangga sarwi pranayama (ngrèh lampahing napas) èsthining panggalih sumungkêm ing ngayunanipun Dewa Agung, ingkang kadi gumêlar wontên salêbêting srêngenge. Batosipun manglinggamurda ing panjênênganipun, manawi satuhu ingkang andumadosakên sadaya punika. Sanalika wau dewaning srêngenge ngatingali [nga...]

--- 3 : 144 ---

[...tingali] awarni sorot mangalad-alad. Panglinggamurdanipun Yudhisthira katarimah, mila kaparingan ganjaran warni bokor têmbaga, ingkang salami-laminipun tamtu isi têtêdhan, sadèrèngipun Dèwi Krêsna ambukti têtêdhan ingkang wontên ing bokor wau. Sasampunipun matêdhakakên nugraha, dewaning surya lajêng botên katingal. Yudhisthira inggal angratêngi dhêdhaharan sawatawis, lajêng kadèkèk ing bokor, ingkang kaasta Dèwi Krêsna, kalayan sangêt kapundhi-pundhi. Dhêdhaharan lajêng dados sakalangkung kathah, para brahmana kaaturan dhahar, lajêng para ari, sasampunipun sawêg sariranipun piyambak, sarêng sampun nutug anggènipun dhahar, Dèwi Krêsna lajêng mêndhêt sacêkapipun ingkang badhe kadhahar, ing ngriku bokor sawêg kothong. Salêbêtipun wontên ing pambucalan, ingkang sami kadhahar inggih saking bokor wau, ewadene botên nate kêkirangan. Amargi sagunging têtêdhan punika pinangkanipun inggih saking soroting pêpadhang, tuwin saking bêntèring srêngenge, sarta pakartining surya ing dalêm dunya tuwin ing dalêm uwab. Saking lampahing môngsa, wiji ngantos sagêd dados woh, dados manawi kaangkah punika kenging dipun enggalakên.

Ing mangke wiwit anata lampah-lampahipun wontên ing wana,Kata "na", dalam teks asli terdapat pada hlm. 145 jilid 4.