Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 4)

Katalog:Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508
Sambung:
1.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 1). Bahasa dan Budaya | Wayang #270.
2.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 2). Bahasa dan Budaya | Wayang #271.
3.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 3). Bahasa dan Budaya | Wayang #272.
4.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 4). Bahasa dan Budaya | Wayang #273.
5.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 5). Bahasa dan Budaya | Wayang #274.
6.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 6). Bahasa dan Budaya | Wayang #275.
7.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 7). Bahasa dan Budaya | Wayang #276.

--- 4 : 145 ---

Mahabarata Jilid 4

Warahipun Paduka Nyonyah Dr. Ani Bèsên

Ingkang dipun ngalamati: Paprangan Agêng

Impunan saking Sêrat Mahabarata têmbung Sansêkrit.

Kajawèkakên dening: Radèn Mas Partawiraya, ing Surakarta

Kaêcap saha kawêdalakên dening: BOEKH. EN DRUKK.,,SWASTIKA" PASARPON - SOLO TELEFOON 430.

MAHA-BHARATA DEEL 4.

kalayan nandhang saliring kasusahan tuwin sangsara. Botên watawis dangu Widura martuwi, pratela manawi sariranipun kasiku dening Prabu Drêtarastra, ngantos kakèndêlan saking kalênggahanipun, amargi sariranipun gadhah panyuwun, Duryudana supados kaukum, dene Pandhawa katimbalana mantuk dhatêng Astina. Widura lajêng mêling dhatêng Yudhisthira, supados angêgungna kasabaran, ngandikakakên manawi para wicaksana, tamtu kawawa amikul lêlampahan ingkang botên adil, puwara manggih kamulyan. Yudhisthira sanggêm badhe miturut sadhawuhipun kang paman. Ananging Drêtarastra lajêng piduwung dene kasêsa anggènipun midana dhatêng Widura, ingkang salami-laminipun sêtya ing kawajiban. Sang Widura ugi lajêng wangsul, sadumugining pura, matur ing raka, kalayan mangarah-arah, mratelakakên manawi para Kurawa punika kasaenanipun botên siwah kalihan Pandhawa, nanging ingkang sawêk kapêngkêr punika lajêng malik babar pisan.

Wêkdal samantên Karna anggêgasah Duryudana, supados ambêbujêng dhatêng para Pandhawa anggènipun wontên ing wana. Angkatipun para Kurawa sami dêrêng kados tiyang ingkang badhe adamêl sirnaning Pandhawa. Ananging Sang Wiyasa kang linangkung, amargi saking kawaspadanipun, wuninga dhatêng sêdyanipun Kurawa ingkang sakalangkung

--- 4 : 146 ---

awon wau. Sang Wiyasa ngatingal, sarta dhawuh dhatêng para Kurawa supados sampun ngantos anglajêngakên lampahipun. Sasampunipun dhawuh makatên Sang Wiyasa lajêng pinanggih Prabu Drêtarastra, dhawuh supados sang prabu angèngêtna Duryudana, murih ambirata piawonipun wau, awit pandamêl makatên badhe adamêl asoring darajad, pangandikanipun Wiyasa: dhuh narendraning bawana, manawa sira ngangkah bisane para Kurawa lêstari urip, sutanira Duryudana purihên arêrukunan lan para Pandhawa.

Sapêngkêripun Wiyasa, wontên maharêsi malih ingkang rawuh, sêsilihipun Bagawan Mètriya, mratelakakên botên panujunipun dhatêng tindakipun sang prabu, pangandikanipun sang bagawan: awit saking tindakipun para Kurawa punika kados pratingkahing bôngsa asor, amila para ambanguntapa ngantos kalampahan pêpèngêt, makatên wau amung saking pandamêlipun Duryudana. Sasampunipun pêpèngêt makatên dhatêng sang prabu, Bagawan Mètriya anolèh Duryudana, sarwi angèngêtakên supados Duryudana sampun ngantos mêmêngsahan kalihan nak dhèrèkipun, ananging Duryudana sarosa anyablèk pupunipun piyambak kalayan gumujêng alatah-latah, sêmu angrèmèhakên dhatêng sang

- -- 4 : 147 ---

bagawan. Sang Mètriya lajêng angêsotakên: Duryudana sira bakal angundhuh wohing dêgsuranira, ana ing têngahing paprangan kang bakal kalakon, marga saka panggawenira dhewe, pupunira bakal dirêmuk dening gadane Bima. Drêtarastra mangasih-asih supados sang bagawan kaparêng anjabêl sotipun, sang bagawan ngandika, sot iki bisane bubrah mung yèn Duryudana rukun lan para Pandhawa. Môngka pamrayoginipun botên dipun paèlu, Duryudana sampun botên keguh dening pangowêlipun sang bagawan ingkang sakalangkung prayogi wau. Wontên malih satunggaling para tapa ingkang ngèngêtakên supados Duryudana nyimpanga saking margining piawon, ewadene mêksa botên miturut.

Anyarêngi lêlampahan punika, Sri Krêsna manggihi Pandhawa, badhe nyariyosakên sababipun dene botên martamu dhatêng Astina anyapih ingkang sami kasukan. Dèwi Drupadi matur sêsambat dhatêng Sri Krêsna. Kula sampun botên gadhah semah, anak, mitra, sadhèrèk tuwin bapa, ugi sampun kecalan paduka, dhuh pangrurahing madu, amargi sadaya wau, punapadene paduka sami manganiyaya, têka amung kèndêl kemawon.

--- 4 : 148 ---

Sri Krêsna mangimur-imur dhatêng Dèwi Drupadi, sarta pratela bilih Dèwi Drupadi badhe dados sorining narendra malih, tur narendra ingkang mangrèh para nata. Sawarga tamtu gumêlar wontên ing dunya, imawat pêcah, jagad sumyur, punapadene sagantên asat, manawi wicantên kula makatên wau botên kalêksanan. Babolèhipun Krêsna botên dados jalaraning kasabaranipun Drupadi, amargi Dèwi Drupadi malah lajêng nyariyosakên tindakipun Yudhisthira, nadyan Yudhisthira sampun minta pangaksama mênggah kalintunipun, ewadene taksih andadra kanêpsonipun, mila Yudhisthira lajêng amêdharakên piwulang luhur bab angêgungakên pangapuntên: manawa wong diunèni kang ora prayoga dening liyan, môngka banjur animbangi muni ala, manawa dicêcamah banjur malês nyênyamah, yèn wong diukum malês ngukum, yèn bapa milara sutane, suta milara bapake, yèn wong lanang matèni bojone, utawa wong wadon matèni priyane, o Krêsna, wong mau apa bisa olèh papan kanggo laire anèng ing dunya. Awit yèn kongsi kaduman papan, pialane mêsthi banjur saya andadra, mula sanadyan kaya apa bae wong gone anyênyamah, kudu kaapura. Amarga sing sapa kang bisa ngalahake marang kanêpsone dhewe, yaiku wong wicaksana utawa linuwih, sanadyan kang anyênyamah apadene ngilês-ilês mau wong kang dosa. Apura paramarta iku brahma, apura iku kasunyatan, apura iku kalumpukaning panggawene paratapa, apura iku rahayu, mula dunya iki lêstari marga saka apura.

--- 4 : 149 ---

Gêgamane para tapa kang dianggo angêyomi lêlakon kang bakal kalakon iku apura, dene apura iku tapabrata.

Para wicaksana wajib angêgungake apura, amarga manawa bisa angapura marang sadhengah, iku têkan ing Brahma.

Ananging aturipun Drupadi malah sêmu runtik, sarta botên narimah dhatêng tataning darma. Anggènipun mratelakakên asêmu wêngis, dene Widhi andamêl dolanan dhatêng titahipun amung sakajêng-kajêngipun kemawon, kados lare alit anggènipun nyolahakên utawi angrisak dêdolananipun, punapa ta pigunanipun kasaenan, manawi tiyang sae sagêd kacêmplung ing kasangsaran, nanging tiyang awon manggih kasênêngan, dhawuh wangsulanipun Yudhisthira alus nanging aos: sira angluhurake têtêmbungan sarta surasa kang bêcik, ananging sira iku nganggêp kalèru marang Hyang Widhi, o, pramèswarining narendra, sadhengah kang ingsun sambut, ora pisan-pisan ingsun maèlu kadadèhane, mula dak sambut, marga anêtêpi wajib. Ingsun kurban, marga wajib [waji...]

--- 4 : 150 ---

[...b] ingsun kurban, ingsun anglakoni kabêcikan, ora marga saka kapengin ngundhuh wohing kabêcikan, ananging mung aja kongsi nêrak pêpacaking Wedha, sarta awèh têtuladan marang sing sapa kang bêcik lan wicaksana. Lah Drupadi, atiku bangêt korup marang kabêcikan, sapa wonge kang kapengin ngundhuh wohe kabêcikane, iku sudagar kang andagang kabêcikan, watake iku asor, sarta wong mau ora kêna kaewokake wong bêcik. Lajênging pangandikanipun: apa ora wus têtela, yèn kabêcikan iku jalaraning kamulyan, ananging kaananing kamulyane mau mung bisa kawruhan dening para wicaksana, utawa dening sing sapa kang atine wus jênjêm, trêntrêm, lan rahayu. Mula sanadyan sira uga durung bisa mêruhi marang wohing kabêcikan, mêsthine sira ora sêmang-sêmang (ngandêl) marang Brahma utawa marang para dewa. Sira kudu sêsaji kawruh, sarana sinau ngêgungake sih lan nyantosakake karêp, wis aja was sumêlang manèh, panggawe ing dunya mêsthi anguwoh, lan kabêcikan iku langgêng. Brahma pribadi ngandikakake prakara iki marang para putrane, kaya ta: kang

--- 4 : 151 ---

linaksanan dening Kasyapa. Mulane yayi, muga sêmang-sêmangira sirnaa kayadene pêdhut kang katêmpuh ing angin, samôngsa sira angèlingi kabèh mau, piandêlira marang kasêtyan mêsthi banjur salin, aja angala-ala marang Widhi, iya Gustine Sagung Dumadi.

Sira angudia mêruhi ing Panjênêngane, sumungkêma ing ngarsane, aja kongsi ana kêkèrène cipta kang mangkono mau. Lan manèh Drupadi, yèn sira nglakoni sarupaning panggawe aja pisan ora nganggo angèlingi ing Gusti, kang angidèni wong mati antuk kalanggênganing urip kagawa saka kasukciane.

Ewadene Dèwi Drupadi taksih dèrèng narimah, amargi lajêng pratela, manawi kawajibaning priyanipun tamtu ngangkah wangsuling prajanipun. Bima condhong dhatêng pamanggihipun Drupadi makatên wau, sarta anêtah kathah-kathah ing kecalanipun Yudhisthira. Botên cêkap amung sae kemawon, aturipun Bima: ing atasing narendra kedah ngatingalakên karosanipun, sarta kêdah prang, Pandhawa kêdah lumawan prang, sarta angrêbat kaprabonipun malih.

Ananging Yudhisthira botên keguh dening panêtahipun Bima, dhawuh [dha...]

--- 4 : 152 ---

[...wuh] wangsulanipun: ingsun ora nêdya malês marang sira, nadyan sira anatoni ing aku sarana têtêmbungan kang landhêpe kaya sara sangkali.

Nalika Yudhisthira kasukan punika wudhar pangrèhipun dhatêng pribadinipun, mila dhumawah ing papa. Ananging Yudhisthira sampun prasêtya badhe anuhoni dhatêng karampungan ingkang katamtokakên dening anggènipun dhadhu, sanadyan sariranipun kakendhangakên punapa botên, sarta sanggêm botên badhe angrisak sêsanggêmanipun. Ing nalika wau sampun saèstu Bima lajêng kèndêl, sanadyan piyambakipun taksih wontên kajêngipun, inggih punika manawi sampun kasanggêman, Pandhawa botên kenging angingkêdi. "Aku ora bisa anyidrani sêsanggêman, amarga kabêcikan dak anggêp luwih aji tinimbang kauripan, sarta sêsanggêman iku kanugrahan kang pinangkane saka kaswargan."

Kaprabon, anak jalêr, suwur tuwin kasugihan, sadaya punika ajinipun dèrèng satimbang kalihan bagiyaning piwulang kasunyatan ingkang kaping nêmbêlas. Nanging Bima dèrèng narimah, taksih anggêgasah supados kalampahana prang kalayan têmbung anyêrikakên manah, ngantos Yudhisthira sêrêng wangsulanipun: manawa kalakon [kala...]

--- 4 : 153 ---

[...kon] prang, sira bakal tandhing lan Bisma, Drona, Krêpa sarta Karna, môngka sira ora mênang lan kabèh mau.

Ing ngriku Bima sawêk kèndêl anggènipun mangicuk-icuk, kalihan sakalangkung rudah ing panggalihipun. Ananging sanalika punika ugi Wiyasa rawuh, lajêng anganthi Yudhisthira misah para kadang, dhawuh supados Prabu Yudhisthira matah Arjuna angupaya dêdamêling dewa, saha amêdharakèn kawruhing para dewa, bab anandukakên dêdamêl, murih lajêng kawarahakên gêntos dhatêng Arjuna. Wasana Sang Wiyasa mrayogèkakên, salêbêtipun Arjuna botên wontên, para Pandhawa samia alêlana dhatêng ing pundi-pundi. (§1-36-)

Sapêngkêripun kang eyang, Yudhisthira enggal animbali Arjuna, lajêng kawêjang kados ingkang sampun kawêdharakên dhatêng sariranipun, salajêngipun Arjuna nuntên kadhawuhan marêk dhatêng Kaendran, wigatos nyuwun dêdamêling dewa.

Sasampunipun pamitan dhatêng para kadang, tuwin dhatêng Dèwi Krêsna, sarta para brahmana asêsanti, ing ngriku angkatipun sang sudira panêngah Pandhawa, datanpa kanthi dhatêng parêdèn Imalaya, sarta nêdya anginggahi pucakipun ingkang agung linimput ing salju. Ing nalika lampahipun dumugi ing Indrakila, Arjuna

--- 4 : 154 ---

midhangêt suwantên ingkang manguwuh supados kèndêla, sarêng katolèh katingalan, manawi ingkang manguwuh wau satunggaling pandhita, ingkang tejanipun sumorot lênggah sangandhaping mandira. Pandhita wau dhawuh supados Arjuna anilar langkapipun, awit Arjuna sampun angancik laladaning padunungan ingkang rahayu prabawanipun. Ananging Arjuna botên purun pisah dêdamêl, sanadyan ngantos marambah-rambah anggènipun angèngêtakên, dangu-dangu lajêng kabadharan dados Sang Hyang Indra, paring nugraha dhatêng Arjuna.

Arjuna amarikêlu, matur nyuwun dêdamêling dewa. Sang Hyang Indra mèsêm, botên kaparêng paring dêdamêl, amung Arjuna badhe kadunungakên wontên ing salah satunggaling padunungan minulya. Ingkang tamtu dados pangajêng-ajêngipun Arjuna.

Nugraha makatên sanès pangajêng-ajêngipun Arjuna, amargi para kadangipun taksih sami sangsara wontên ing wana. ing nalika wau Hyang Indra ngandika: manawa sira wus bisa andulu kang anetra sarta waja têtêlu, iya Sang Hyang Siwah, Gustining Sagung Dumadi, o, gèr, ingsun mêsthi banjur matêdhakake sakèh gêgaman kaswargan, mula ngangkaha bisa andulu pasuryane ratuning dewa, amarga mung sarana iku hèh atmajane Kunthi, bisane kasêmbadan [kasê...]

--- 4 : 155 ---

[...mbadan] pangarêp-arêpira. Sasampunipun ngandika makatên, Sang Hyang Indra musna botên katingalan, Arjuna kantun anggana lajêng nêdya ambangun tapa wontên ing ngriku.

Saèstunipun ijêngandika taksih sami botên kasupèn bilih nalika wana Kandhawa kabêsmi, Sang Hyang Indra ngatingali dhatêng Arjuna, lajêng sagah manawi badhe angganjar dêdamêl kaswargan dhatêng Arjuna, samôngsa Arjuna sampun kawasa andulu Bathara Mahadewa. Kasagahanipun Sang Hyang Indra makatên wau samangke andungkap kalampahan, ananging Arjuna kêdah sagêd anglaksanani rumiyin sêsanggêmanipun, mila Arjuna amasuh sarira, murih kalêksanan sagêd andulu ratuning dewa. Sakawit amung dhahar ron tuwin wowohan sawatawis, sabên dintên kasuda sakêdhik-sakêdhik, sarêng sampun tigang wulan, lajêng botên dhahar babar pisan. Kalêksanan Arjuna sagêd mangrèh sariranipun, botên kados tiyang ing jaman samangke, lêstantun dados boyonganing badanipun, punapadene Arjuna wuninga, manawi gêsang punika botên gumantung wontên ing têdha. Bathara Mahadewa mindha tuwaburu (Kerata) marêpêki Arjuna. Ing nalika wau Kerata priksa wontên raksasa mindha wraha badhe anubruk dhatêng sang tapa, Arjuna ngadêg lajêng amênthang langkapipun. [langkapi...]

--- 4 : 156 ---

[...pun.] Kerata manguwuh supados sampun kajêmparing, amargi sumêrêpipun dhatêng wraha wau rumiyin piyambakipun, nanging pêpèngêtipun Kerata botên pinaèlu, Arjuna lajêng anglêpasakên jêmparing, ingkang sinarêngan dening Kerata. Arjuna pêpèngêt dhatêng Kerata, bilih Kerata purun anyêlaki bathanging wraha, tamtu pinêjahan, amargi Kerata anêrak anggêring tiyang bêbêdhag. Kerata mèsêm, wangsulanipun: awit piyambakipun ingkang amêjahi, mila piyambakipun sampun mirantos nêdya lumawan prang. Arjuna enggal anjêmparing dhatêng tuwa buru, nanging botên anêdhasi, Kerata mèsêm sarwi sêsumbar, supados Arjuna angêtog kadibyanipun. Arjuna angudani jêmparing, ngantos têlas jêmparingipun, ewadene datan wontên ingkang anêdhasi. Arjuna sigra angrukêt, pangangkahipun nêdya pinupuh ing gandhewa, nanging lajêng pinangkis, gandhewanipun Arjuna kaplêsat, Arjuna anarik pêdhang, ananging ugi lajêng tugêl. Saya liwung krodhanipun Arjuna, sadhengah ingkang cêlak nêdya kangge gêgaman: sela, kajêng, tuwin sanès-sanèsipun malih, dipun sawatakên, nanging Kerata botên mingkêt saking panggenanipun kalihan mèsêm, wêkasan Kerata dipun goco, lajêng winalês, goco-ginoco, [goco-...]

--- 4 : 157 ---

[...ginoco,] sêndhal-sinêndhal, dangu-dangu lajêng rangkus-rinangkus sarta bantin-binanting, wêkasan Arjuna kajunjung kinêplèkkên ing siti ngantos kantaka. Satanginipun saking kantaka Arjuna botên nêdya umangsah malih, ananging enggal mundur lajêng mêndhêt lêmpung kadamêl rêcanipun Hyang Mahadewa, sasampunipun dados, lajêng sinungkêman ngarsanipun, tuwin kinalungan sêkar rinonce. Nanging uncèn-uncèn sêkar wau lajêng musna, katingal kumalung ing lungayanipun Kerata. Sang Arjuna anggarjita jroning wardaya: baya iki Bathara Mahadewa, mila enggal sumungkêm ing pada, sarwi minta aksama, dene ngantos kamipurun lumawan prang, kabêkta saking kirang waspada. Hyang Mahadewa kabadharan, lajêng paring nugraha dhatêng Arjuna, punapadene Hyang Mahadewa andhawuhakên kaluhuraning pribadinipun. Satêlasing pangandikanipun Hyang Mahadewa, Arjuna winêjang mantra manawi anandukakên pasopati, dhawuhipun Hyang Siwah dhatêng Arjuna: nadyan para têtungguling dewa botên wontên ingkang wuninga dhatêng pangwasa punika. Pasopati lajêng anyêlaki Arjuna, kados nalika Sangkara antuk ganjaran dêdamêling dewa. Sasampunipun matêdhakakên gandhewa§ gandhewa, punika langkapaipun Bathara Siwah ingkang kaparingakên dhatêng Arjuna, katranganipun ingkang anjawèkakên.

--- 4 : 158 ---

Hyang Siwah tumuntên botên katingalan.

Salêbêtipun Arjuna taksih anjêngêr kasaru rawuhipun Bathara Indra, Bathara Waruna, Bathara Kuwera, tuwin Bathara Yama, kaayap dening para dewa nayaka saandhahanipun. Bathara Yama matêdhakakên gadanipun, Bathara Waruna maringakên palu rante, Bathara Kuwera paring dêdamêl ingkang anêngsêmakên, inggih punika manawi kalêpasakên, mêngsahipun lajêng tilêm, dene Sang Hyang Indra angganjar rata titihanipun, saha dhawuh supados lajêng tinumpakan kangge minggah dhatêng kaswargan. Sarêng para dewa sampun botên katingalan, rata tumurun, Arjuna sêsuci lajêng mêmuji ing dewa, wontên pucaking Indrakila. Saparipurnaning anggènipun manêmbah, Arjuna aminggah ing rata cahya, rata mêsat anggayuh gêgana. Ing nalika wau Arjuna aningali alam ingkang sumorot, manawi katandhing kalihan kawontênan ing dunya kadi pajaring kartika. Arjuna botên kasamaran, bilih punika Sanarawati kithanipun Sang Hyang Indra. Arjuna lumêbêt ing kitha wau, kapapakakên dening para dewa lajêng angurung-urung lampahipun Arjuna. Sarêng dumugi sangajênging singangsananipun Sang Hyang Indra, Arjuna enggal anyungkêmi padanipun. Arjuna katarik dhatêng dhampar sakiwanipun [sakiwanipu...]

--- 4 : 159 ---

[...n] Sang Hyang Indra, kaparingan palu galudhug tuwin balêdhèg, agêmipun Sang Hyang Indra, sarta kadhawahan lêrêm wontên ing swarga, tuwin puruhita dhatêng Citrasena, narendraning gandarwa, juru lêlagon tuwin gêndhing ing kaswargan, pikajêngipun kawruh bab cacah, swara, tuwin laras (Rythma).

--- 4 : 160 ---

Bab VI Tigawêlas Taun ing Pambucalan

Nadyan Arjuna miturut sarta têtêp dhatêng kawajiban ingkang sinangkulakên, salêbêtipun puruhita wontên ing kaswargan ngantos gangsal warsa, ananging panggalihipun anggung kaèngêtan dhatêng para kadang ingkang wontên ing dunya, anggènipun andalajah sawawêngkoning wana, dununging anggenipun kakendhangakên. Sadèrèngipun kaparêng wangsul, Arjuna dinadar, punapa manahipun ugi sukci kados badanipun. Dèwi Uruwasi, têtungguling widadari, ingkang kadi sasôngka purnama, kautus ngrancana dhatêng Arjuna. Kacariyos sarêng Arjuna priksa dhatêng Dèwi Uruwasi sigra lumajêng amarêpêki, sadumugining ngarsanipun lajêng sumungkêm ing kisma kadi anggènipun angurmati dhatêng lêluhur ingkang anurunakên bangsanipun. Utawi kadidene pangaji-ajining anak jalêr dhatêng biyungipun, pangaji-aji langkung saking samantên sampun botên wontên malih. Nanging Dèwi Uruwasi sangêt botên rêna, punapa darunanipun dene manungsa punika sêsrawunganipun botên rumakêt. Arjuna kesah, cariyos dhatêng Citrasena punapa ingkang mêntas kalampahan, Citrasena lajêng matur ing Sang Hyang Indra, Sang Hyang Indra nugrahani dhatêng Arjuna: kagawa saka sabaran [sabar...]

--- 4 : 161 ---

[...an] miwah bisane mangrèh marang pribadine, kongsi kaya rêsi. Sotipun Hyang Indra wau kababaripun lajêng dados nugraha, amargi sarêng dumugi tigawêlas taunipun anggèning kabucal, Arjuna botên kasumêrêpan bilih satriya, mila rahayu. Ing nalika wau Hyang Indra amatah Maharsi Lomasa, kautus dhatêng marcapada manggihi para Pandhawa, paring pawartos karaharjanipun Arjuna, sarta andhawuhakên supados para Pandhawa anjajah saliring panggenan kang sukci-sukci. Sadèrèngipun Arjuna wangsul dhatêng marcapada, badhe anyirnakakên asura langkung rumiyin, sabibaring prang sawêg nêdya wangsul nunggil kalayan para kadang. Maharsi Lomasa mangkat kautus manggihi Yudhisthira dalah para ari. (§ 37-47)

Tiyang sagêd angintên-intên piyambak, kados punapa lêganing manahipun para Pandhawa mirêng pawartos, bilih sadhèrèkipun ingkang sangêt dipun trêsnani punika sagêd anglêksanani sapiwêlingipun, mila kalayan sakalangkung inggaring panggalih, Yudhisthira lajêng pangkat nêdya andalajah sagung pasukcian (tritas) anglêksanani dhawuhipun Sang Hyang Indra, kairit dening Maharsi Lomasa (§ 91-93) sasampunipun dangu anggènipun lêlana, wêkasan dumugi ing wêwêngkoning Imalaya, parêdèn [parê...]

--- 4 : 162 ---

[...dèn] ing Kelasa, tilas pratapanipun Sang Nara kalihan Narayana. Pandhawa lêrêmipun wontên ing ngriku ngantos sawatawis dangu, kalayan sênêng tuwin têntrêming panggalihipun.

Ing satunggaling dintên wontên prahara agêng, sasirêping prahara maèwu-èwu sêkar tunjung ingkang kadi sinêbar ing sakiwa têngêning palêrêmanipun. Saking sêngsêmipun dhatêng endah saha aruming gandanipun, Dèwi Drupadi lajêng mangatag dhatêng Bima supados kapêndhêtna panunggilanipun sêkar wau. Bima pangkat ngalèr ngetan minggah ing rêdi, samargi-margi tansah abôndayuda kalayan kewan galak, ananging sadaya kasoran dening Bima, mila lêstantun lampahipun anjog ing wana tarataban. Ing ngriku katingal wontên margi alit, mila lajêng dipun purugi. Anoman ugi putranipun Bathara Bayu kados Sang Bima, saking anggènipun badhe ngatingalakên lêlabêtan dhatêng kadangipun, angèngêtakên: kasasar aja liwat ing kono, marga dalan iku ora kêna liniwatan ing wong kang isih kêna ing pati. Bima anyêlaki, kados padatanipun mirantos badhe lumawan prang, sarta manguwuh sora supados tangiya dhatêng kêthèk ingkang katingalipun tilêm punika. Anoman ngêlèkakên netranipun sêmu taksih sangêt arip, sarwi anggrêsah dene kasar têmên anggènipun anggugah,

--- 4 : 163 ---

ing ngriku lajêng sanjang dhatêng satriya nèm-nèman wau, manawi margi ingkang dipun langkungi punika, marginining para dewa, mila amung para ambangun tapa ingkang kenging langkung ing ngriku. Bima pitakèn sintên ta naminipun, sarta mratelakakên nami tuwin bangsanipun piyambak kalayan sêmu ladak, wangsulanipun Anoman: ingsun iki kêthèk: sêmu tumambuh, tuwin angèngêtakên, manawi badhe wilujêng prayogi tumuntên wangsula. Kalihan wêngis kêdalipun Bima mangatag supados sumingkir, nanging Anoman mangsuli manawi badanipun sakit kangge ngadêg, Bima kêncêng badhe nglajêngakên lampahipun, mila Anoman ingkang rewa-rewa sakit badhe sumungkir, lajêng sanjang supados kalajêngna lampahipun, nanging murih sampun ngantos ngidak buntutipun, prayogi manawi buntutipun kasingkirna. Bima lajêng anyandhak buntuting wanara kalayan astanipun kiwa, ing sêmu karèmèhakên, nanging sarêng badhe kajunjung Bima botên kuwawi. Lajêng kacêpêng tangan kalih, ewadene ebah kemawon botên, Bima angêtog karosanipun, ngantos karingêtipun daleweran, buntuting wanara mêksa botên kangkat, Bima lajêng linggih sangajênging wanara ingkang linangkung wau, kalihan angapurancang, angrêrêpa pitakèn, piyambakipun wau sintên, mangsuli manawi nama Anoman, senapatining [se...]

--- 4 : 164 ---

[...napatining] wanara, ingkang sampun mêmitran kalayan Sang Rama, satunggaling awatara. Ing nalika wau sadhèrèk kêkalih punika sih- sinihan sarta Anoman anêdahakên margi ingkang kêdah dipun langkungi dening Bima, sarta lajêng musna. Bima anglajêngakên lampahipun, ngantos kapêntok ing lèpèn, wêkasan dumugi ing talaga ingkang sakalangkung kathah tunjungipun. Ananging sarêng Bima badhe amêthik sêkar, wontên sagêlênganingsagolonganing. raksasa ingkang anyêlaki sarwi cariyos, manawi talaga punika kagunganipun Bathara Kuwera, mila botên kenging tiyang mêthik sêkar bilih botên saking palilahipun, Bima botên kadugi nêdha dhatêng salah satunggaling manungsa, punapadene Bima lajêng nêdya nyêmplung dhatêng ing talaga wau. Para ingkang rumêksa narajang dhatêng Bima, tinadhahan ngantos maatus-atus raksasa ingkang pêjah dening gadanipun Wrêkudara, sisaning pêjah sami lumajêng nyuwun pitulunganipun Bathara Kuwera. Nanging Bathara Kuwera gumujêng sarta Bima pinarêngakên angundhuh sadaya bilih saking panêdhanipun Dèwi Krêsna. Sawangsulipun Bima, Yudhisthira tuwin ari kêkalih, punapadene Dèwi Krêsna lajêng kagendhong dening Gathutkaca, inggih raksasa putranipun Bima, napak jumantara kabêkta dhatêng sukuning rêdi Gadamadana, ing ngriku sakalangkung anêngsêmakên, mila lajêng sami

--- 4 : 165 ---

nêdya lêrêm ing ngriku ngantos wangsulipun Arjuna. Nanging sarêng sampun angsal sawatawis dintên, dhawuhing dewa sadaya kêdah wangsul dhatêng pratapanipun Rêsi Nara kalihan Narayana, sasampunipun kêdah dhatêng pratapan kêkalih. Sadaya miturut, mêdal ing margi ingkang sampun katêdahakên, samargi-margi ugi kathah sangêt lêlampahan ingkang dipun lampahi, wêkasan dumugi ing rêdi Mèru, dêdunung ing ngriku ngantos sadhatêngipun Arjuna. Ing satunggaling dintên, nêdhêngipun para Pandhawa sami wiraosan bab kawontênanipun Arjuna, katingal wontên rata agêng titihanipun Sang Hyang Indra tumurun saking awiyat, katumpakan dening Arjuna sarwi angendhong jêmparing sarta amangku gandhewa pêparinging dewa. Sarêng sampun cêlak Arjuna mancolot, lajêng manêmbah dhatêng Dumeya, Yudhisthira tuwin Bima. Kados punapa sami bingah ing panggalihipun sarêng apêpanggihan, dados pêpisahanipun wau sampun kapêngkêr, sarta gêgayuhan anggènipun sami lêlanabrata punika sampun kasêmbadan [§145-154].

Cundhukipun wontên ing ngriku para Pandhawa ngantos kawan taun, sadèrèngipun wontên ing ngriku, sampun nêm taun, dados anggènipun kakendhangakên sampun angsal sadasa taun, [ta...]

--- 4 : 166 ---

[...un,] lêlana malih urut parêdèn ngantos sataun kalayan rumaos sakalangkung mulya, ngantos dumugi têpining Saraswati, kèndêl ing ngriku ngantos sawatawis dangu. [§175-176].

Karantên sampun têlas wêwangên anggènipun kakendhangakên amila para Pandhawa lajêng nêdya wangsul dhatêng wana Kamyaka. Sadhatêngipun ing Kamyaka, Sri Krêsna amapakakên, saking anggènipun badhe anyobi panggalihipun Yudhisthira, Sri Krêsna lajêng mrayogèkakên supados Yudhisthira amêpak wadyabala sagêgamaning prang. Dene ingkang minôngka senapatinipun Sang Balarama, kadangipun sêpuh Sri Krêsna, lumurug dhatêng Astina. Ananging Yudhisthira puguh, wangsulanipun: sasampunipun kalampahan kalihwêlas taun wontên ing wana, kêdah anamur warna ngantos sataun, sasampunipun punika nyuwun pitulunganipun Sri Krêsna. Manawi botên nyuwun pitulunganipun Sri Krêsna, sintên malih ingkang dipun suwuni pitulungan. Sutaning Pandhu botên purun nyimpang saking margining kasêtyan, awit para Pritaputra saking kasaenan tuwin sukcinipun, punapadene sawadyabala saha kulawarganipun, sami ngakêni bilih amung Sri Krêsna pangayomanipun.

Nêdhêng ramenipun anggèning sami wiraosan, kasaru rawuhipun [ra...]

--- 4 : 167 ---

[...wuhipun] Maharsi Markandheya, para Pandhawa punapadene Sri Krêsna sami angurmati, saha lajêng angancarani lênggah. Sasampunipun tata lênggah, Sri Krêsna matur ing sang maharêsi, kaparênga amêdharakên tataning watak utami, tumrap para narendra, para pawèstri tuwin para pandhita. (§181-182) ing ngriku sang maharsi amêdharakên pitêdah warni-warni, nanging ingkang kula pêthik ing mriki amung saprakawis.

Yudhisthira mitêrangakên, wêwatakan kados punapa, ingkang prayogi dipun lampahi. Dhawuh wangsulanipun: anindakna kautamèn dhatêng sagunging dumados, sarta tansah mangangkaha prayoginipun sadaya wau. Ingkang sih dhatêng sagung tumitah, tuwin sampun anangsaya dhatêng sadaya wau. Sampun ngantos kirang pangatos-atos manawi ngandika, ingkang nalôngsa, ingkang santosa pamasesanipun dhatêng ardaning panggalih, punapadene sampun kêndhat anggènipun paring pangayoman dhatêng tiyang sanagari. Ngangkaha kautamèn, tuwin ambirata saliring dosa, sarta ingkang bêkti dhatêng lêluhur saha para dewa, sampun ngantos tumindak ingkang botên kanthi kawêwekan, sarta anglêbura dosa sarana angêgungakên wêlas asih. Kalisa dening ambêg adigung, ingkang andhap asor, sadaya wau wêwatakan [wêwataka...]

--- 4 : 168 ---

[...n] ingkang prayogi ing atasipun panjênêngan nata. Manawi sawarnining kadunyan anangsaya, mugi ingkang santosa, manawi makatên yêkti kamulyan ingkang ginadhangakên paduka. Makatên kawontênanipun watak sae ingkang kawursita wontên ing sêrat piwulang luhur. (§190)

Tumrap para pandhita kados ing ngandhap punika: pandhita kêdah amusthi dêdamêl têtiga, sêmanggêm mêpêt pangandika, akudhung mêrang kaanam, gundhul, anyandhang klikaning kajêng utawi lulanging kewan. Têtêp dhatêng sêsanggêman, badanipun sukci, kurban latu, manggèn wontên ing wana, saras badanipun, ewadene sadaya wau sampun tanpa guna, manawi botên sukci manahipun, luhuring budi, sampun ngantos anglampahi dosa ing dalêm tindak, manah tuwin cipta, makatên wau sajatining pandhita ingkang dêrêng kasutapanipun. Dados sanès tiyang ingkang anangsaya badan, sarana angêblêng (babar pisan botên nêdha punapa-punapa) tuwin sapanunggilanipun malih. Tiyang ingkang kirang rumêsêp dhatêng kadang warganipun, punika botên sagêd kalis dening dosa, sanadyan badanipun sampun sukci, sintên ingkang manahipun wangkal têtela mêngsahing kasutapan, nadyan atapa brata, punika botên nama anyingkur kamulyan ing dunya. Sintên [Sintê...]

--- 4 : 169 ---

[...n] ingkang tansah sukci, saha kêbak dening kautamèn, nadyan sujanma wau angêgungakên katrêsnan, inggih punika sajatining muni. Malah ngantosa tiyang wau taksih nunggil kalihan kulawarganipun, botên sagêd kalepetan dosa. Pasa tuwin subrata sanèsipun malih, punika botên dados panglêburing dosa, nadyan kados punapa anggènipun anglêlêsu anggaringakên badanipun, amargi punika amung daging tuwin rah kemawon. Sintêna tiyangipun, ingkang botên rahayu budi, amung nyênyakit sarira, sarana cêcêgah, punika lampah pamuta tuli. Angurang-ngurangi iku, sanadyan apa bae kang kinarêpake, yèn sarana sarupaning laku kang mangkono mau ora dadi jalaraning uwal saka dosa.

Sing sapa kang angsung pangan wong kaluwèn, lan sapa bae kang angadêgake omah, kanggo pamondhokaning sadhengah wong kang têka, iku ginantungan ganjaran marga saka sêsajine mau (§ 199)

Kadospundi dene jêjaka Hindhu ngupaya puruhitan dhatêng agami sanès, sêrat-sêrat sukcinipun piyambak sampun angêwrat dêdongengan pintên-pintên ingkang amarah prakawis kautamèn.

Kunêng ingkang sami wiraosan saha dêdongengan, kados [ka...]

--- 4 : 170 ---

[...dos] ta cariyos lêlampahanipun Brahmana Kusika anggènipun amulang dhatêng juru ngupaya paksi kang ambêg utami (265-266). Gêntos ingkang winiraos, Prabu Sangkuni kalihan Karna tansah angojok-ojoki, supados Duryudana martuwi dhatêng para Pandhawa, wigatos amung ngangkah Pandhawa nyumêrêpana kamulyanipun Duryudana, ngantos èngêt dhatêng sangsaraning kawontênanipun, amrih lajêng kuwur manahipun. Saking anggènipun nêdya anilapakên sang prabu Drêtarastra, Karna mrayogèkakên, supados Duryudana pamit kang rama, badhe sêsaji dhatêng wana Dwita tilas padununganipun para Pandhawa. Ananging Prabu Drêtarastra ugi mirêng manawi padununganipun para Pandhawa botên têbih saking ngriku, mila lajêng dhawuh supados Duryudana utusan kemawon, sampun ngantos lumampah piyambak, Sangkuni sumambung ing atur, manawi badhe botên anyêlaki padununganipun para Pandhawa, pratela api-api prasêtya botên nêdya pinanggih kalihan para sutanipun Pandhu. Mila Prabu Drêtarastra paring palilah. Duryudana lajêng bidhal, kadhèrèkakên wadyabala agêng sangkêp sagêgamaning ajurit. Samargi-margi para Kurawa tansah mangun suka, ingkang warni-warni sarananipun, sarta nacahakên wadyabalanipun, ngantos dumugi sacêlaking [sacêla...]

--- 4 : 171 ---

[...king] talaga sukci ing Dwita wana, padununganipun para Pandhawa. Ing nalika pacalanging lampah wiwit lumêbêt ing wana, sakubênging talaga sukci wau rinêksa dening para gandarwa, margi botên kenging kaambah, awit ratuning gandarwa sampun rawuh saking anggènipun lêlana, mila wana kadhawuhan rumêksa sampun ngantos kalêbêtan tiyang mônca. Ananging Duryudana mêksa badhe anglajêngakên lampahipun, mila lajêng dados prang agêng. Para Kurawa kathah ingkang katiwasan, malah Karna ingkang kasantosanipun kadi sela karang, dangu-dangu mêksa kapalajêng. Dene Duryudana amargi botên purun oncat lajêng katawan, punapadene Dusasana sarta sanèsipun malih lajêng sami kawarôngka. Wadyabalanipun Kurawa ingkang kapalajêng wau sami ngungsi dhatêng Pandhawa, supados dipun ayomi. Sugal wangsulanipun Bima, malah angundhat-undhat, sarta pratela manawi botên purun amitulungi. Ananging Yudhisthira lajêng dhawuh: iki dudu mangsane angêcapake wicara wêngis, sarta lajêng ngandika, sanadyan kadange iku mungsuhe garêjêgan, nanging iya kudu angluhurake wajibing kêkadangan, yèn kadange mau kamungsuh dening wong liya. Yudhisthira dhawuh supados para ari sami sawega dêdamêl, sarta lajêng pangkat angrêbat Duryudana sakadangipun ingkang

--- 4 : 172 ---

sami kawarôngka. Para gandarwa botên purun angluwari boyonganipun, mila Pandhawa lajêng narajang ing para gandarwa, têmah sami pêpêrangan ngantos ratunipun angêdali kapapagakên dening Arjuna, prang rukêt ulêng-ulêngan, nanging Citrasena lajêng angèngêtakên pamitranipun, Arjuna pitakèn, punapa sababipun têka prang kalihan Duryudana. Citrasena pratela anggènipun marôngka Duryudana punika amargi kalampahanipun dhatêng ing ngriku wau, prêlu badhe mangerang-erang dhatêng sangsaraning Pandhawa. Sakawitipun Citrasena botên nayogyani manawi boyonganipun kaaturakên Yudhisthira, nanging sarêng sampun nyariyosakên asoring cidranipun Duryudana dhatêng Pandhawa, Citrasena lajêng anglilahakên, amargi Pandhawa amung sumendhe ing pêpasthèn. Ing nalika wau Yudhisthira tansah angasih-asih supados gandarwaraja tumuntên angluwarana dhatêng Duryudana, sasampunipun Duryudana sakadangipun linuwaran, Yudhisthira pêpèngêt dhatêng Duryudana kalayan mangarah-arah: o kakangmas, sampun anindaki pandamêl ingkang botên prayogi malih. Amargi sintêna ingkang botên prayogi pandamêlipun, punika botên sagêd manggih kabêgjan, dhuh turasing bôngsa Kuru, mugi lêstantuna nugraha sakadang warga, manawi

--- 4 : 173 ---

kaparêng ing panggalih suwawi lajêng wangsula dhatêng praja, paduka botên dadak manggih sangsara nglampahi dados boyongan. Narendra kang sadu budi wau kalampahanipun pêpèngêt makatên, amung saking angèngêti, manawi Duryudana punika anunggil rah kalihan sariranipun, sarta dhumawah ing kasangsaran margi saking kalintunipun.

Duryudana kesah kalayan nawung prihatos, sapisan dene kawon anggènipun prang, kaping kalihipun angèngêti anggènipun dipun luwari. Nalika Duryudana lênggah amargi sampun tanpa karêkat, saking sangêting rudatos, Karna anyêlaki kalintu pangintênipun, Duryudana kamanah manggih unggul, mila mangalêmbana dhatêng kalangkunganipun Duryudana, dene sagêd angawonakên gandarwaraja, ingkang Karna piyambak ngantos kapêksa anguncati. Môngka sayêktosipun Duryudana kawon, milanipun Duryudana lajêng nyariyosakên kawontênaning kasusahan, pratela bilih sêdyanipun punika sampun kasumêrêpan, tuwin Yudhisthira ngluwari sariranipun, dados sariranipun wau kapotangan gêsang dening mêngsahipun, ingkang kinuya-kuya. Gêsang makatên rumaos botên kadugi anglampahi, mila pangangkahipun badhe anganyut tuwuh sarana luwe, tuwin mrayogèkakên [mra...]

--- 4 : 174 ---

[...yogèkakên] Dusasana lajêng gumantos kalênggahanipun.

Dusasana anyungkêmi sampeyanipun ingkang raka, sarwi karuna sarta prasêtya bilih botên nêdya gumantos kaprabon, punapadene mangarih-arih supados kang raka anyandèkna karsanipun makatên wau, lêstantuna ngasta pusaraning praja, minôngka pangayomaning para kadang warga. Karna matur malih sarta mratelakakên manawi para Pandhawa botên badhe damêl punapa-punapa kajawi amung anglampahi sadhawuhing ratunipun, punapadene Sangkuni mrayogèkakên supados Duryudana rukuna kalihan Pandhawa. Saha kaparingana pusakaning tiyang sêpuhipun minôngka ganjaran. Ananging Duryudana kêkah nêdya anglampus dhiri, lênggah ing sanginggiling rumput kusa, amawas pribadinipun, angèsthi kamuksan. Gêlênganing para danawa tuwin ditya priksa bilih sirnanipun Duryudana punika badhe anyuda karosanipun, anggèning mêmêngsahan kalihan para dewa. Mila sarana kasaktènipun ngatingali dhatêng narendra ingkang sangêt prihatos wau, sarta lajêng amambêngi karsanipun, ngaturakên kados punapa kalintunipun manawi ngantos anglampus dhiri. Para danawa tuwin ditya sagah damêl unggulipun Duryudana anggènipun mêmêngsahan kalihan Pandhawa, sarta prasêtya badhe ambiyantu misungsung wadya [wa...]

--- 4 : 175 ---

[...dya] danawa sinêkti pintên-pintên ingkang badhe kalairakên dhatêng ing dunya pêparingipun mahiswara dhatêng piyambakipun, amêca manawi Sang Karna sagêd anyirnakakên Arjuna, dados Duryudana lajêng mangrèh bawana tanpa tanding. Pratela manawi piyambakipun punika prajuriting Asura, dene Pandhawa minôngka prajuriting dewa. Sarêng midangêt kasagahanipun para danawa tuwin ditya, Duryudana lajêng nyandèkakên anggènipun anganyut tuwuh, tuwin katêtangi kasudiranipun, enggal jumênêng anjangkêpakên dêdamêlipun, kondur dhatêng Astinapura.

Sawangsulipun saking wana, Karna lajêng lêlana andon yuda, anêlukakên pintên-pintên nagari, supados sami nungkul dhatêng Duryudana, sarta amargi saking anggènipun nêdya adamêl pamiwahaning sêsaji, inggih punika sêsaji dhatêng Wisrawa, murih lajêng sinêbut têtungguling para narendra. Ing batos nêdya adamêl rajasuya. Nanging tamtu botên kalampahan sadangunipun Yudhistira taksih gêsang. Anggènipun Karna badhe adamêl bingahipun Duryudana, lajêng prasêtya badhe acêgah daging, botên wisuh, ugi tamtu anyukakakên punapa ingkang katêdha ing tiyang, supados sagêd kalampahan anyirnakakên Arjuna. (§ 235-255)

--- 4 : 176 ---

Prasêtyanipun Karna wau awon kadadosanipun, amargi Sang Hyang Indra nêdya amitulungi Arjuna, lajêng manggihi Karna, minta kotang kadewatan, tuwin antingipun Karna. Karna nêdya anêtêpi prasêtyanipun, dados kaecalan pirantosipun ingkang dados panulaking sadaya dêdamêl (mriksanana cariyos lêlampahanipun Karna. § 239-309)

Duryudana botên sampun-sampun anggènipun mêmêngsahan kalihan Pandhawa, ananging botên wontên piawon ingkang sêsingidan ing batosipun, mila inggih badhe kalampahan prang. Kendhangipun Pandhawa sampun andungkap dumugi wêwangênipun, Yudhistira kataman cobi agêng bab utamining panggalihipun. Ing satunggiling dintên, wontên kidang ingkang sungunipun kacangkol ing bolongan upêt tuwin pangêburan prêsan kangge damêl mêrtega, gadhahanipun satunggaling brahmana, sarta lajêng katut kabêkta lumajêng. Brahmana nyuwun pitulunganipun para Pandhawa supados pirantosipun kangge damêl sêsaji sagêd pinanggih. Mila Pandhawa lajêng anutupi kidang wau. Ananging para Pandhawa lêpat anggenipun jêmparing, wêkasan katilapan, Pandhawa lajêng sami kèndêl pambujêngipun kalayan sakangkung sayah tuwin kasatan, Nangkula ingkang kautus [kautu...]

--- 4 : 177 ---

[...s] Yudhistira angupaya toya, botên dangu lajêng manggih sêndhang, Nangkula botên amaèlu dhatêng suwantên ingkang ngèngêtakên supados sampun ngantos ngunjuk toyaning sêndhang wau, sadèrènge anjawab pitakènipun, nanging lajêng angunjuk kemawon, mila anêmahi palasrta. Sarêng Nangkula dangu botên wangsul, Sahadewa kautus ngupadosi, kawontênanipun ugi kados Nangkula. Lajêng Arjuna, sasampunipun nuntên Bima, kêkalihipun inggih sami kemawon kados Nangkula tuwin Sahadewa. Kacariyos sarêng ari sakawan pisan sami botên tumuntên wangsul, Yudhistira pangkat angupadosi, botên dangu pinanggih sampun dados kunarpa sadaya. Kalayan sangêt risaking panggalih anggènipun Yudhisthira ngupaya mêngsahipun, ingkang anyirnakakên para ari sakawan, ananging sarêng Yudhisthira nêdya wijik dhatêng ing bêlik, ingkang kacariyos ing nginggil, midhangêt suwantên ingkang prtela, manawi inggih ingkang nyuwantên punika ingkang anyirnakakên kadangipun sakawan, sarta lajêng pêpèngêt kados ingkang sampun-sampun. Yudhisthira pitakèn sarwi kagawokan, sintên ta piyambakipun wau. Ingkang nyuwantên punika paksi kran (Kraanvogel) wangsulanipun, manawi piyambakipun satunggaling yaksa, sarta pêpèngêt sampun ngantos [nga...]

--- 4 : 178 ---

[...ntos] ngunjuk toyaning sêndhang sadèrèngipun Yudhithira anjawab pitakènipun. Salami-laminipun Yudhisthira sagêd mangrèh sariranipun, mila lajêng mangsuli manawi sariranipun tamtu botên kapingin dhatêng darbèking liyan, dene pitakènipun, punika badhe kajawab sapêntoging kasagêdanipun. Yaksa takèn warni-warni, jawabipun Yudhisthira pratitis sarta cêtha, wasana pun yaksa kalêgan manahipun, ingkang minôngka pituwasipun yaksa badhe anggêsangakên sadhèrèkipun Yudhisthira salah satunggal, pundi ingkang kakarsakakên. Yudhisthira milih Sang Nangkula. Ananging yaksa mrayogèkakên Arjuna utawi Bima, awit Nangkula sadhèrèk sanès ibu. Narendra kang ambêg adil wau mangsuli: manawi botên karsa angrisak kasaenan kang luhur piyambak, inggih punika anegakakên garwaning sudarmanipun ngantos kacurêsan turun, pangandikanipun: pangajêng-ajêng kula, badhe anulak lêlabêtanipun biyung kula, pramila Nangkula kemawon dipun gêsangna malih.

Ing ngriku yaksa wicantên: dhuh pêpêthinganing manungsa, amargi anggèn paduka sumingkir saking pandamêl ingkang anuwuhakên kasangsaran wau taksih langkung luhur tinimbang kabêgjan tuwin kasênêngan, mila para kadang paduka sadaya badhe sugêng malih. Para ari sakawan [sa...]

--- 4 : 179 ---

[...kawan] pisan sami wungu saking seda kalayan tanpa sangsaya. Sarêng Yudhihthira nyuwun katrangan sintên dewa ingkang mindha paksi kran wau, amargi Yudhisthira namtokakên bilih sanès yaksa. Sanalika wau badhar dados Bhatara Darma, dewaning adil, sarta lajêng paring nugraha dhatêng putranipun kang ambbêg utami. Bathara Darma sagah paring ganjaran, Yudhisthira nyuwun, supados gadahanipun brahmana ingkang ical punika kawangsulna.

Pangandikanipun Bathara Darma: kang mindha warna kidang amlayokake upêt lan pangêburan martega darbèking brahmana iku: ingsun, prêlu arêp nyoba ing sira. Sarta lajêng marêngakên Yudhisthira nyuwun sanèsipun malih, aturipun Yudhisthira: manawi sampun kalihwêlas warsa anggèn kula wontên ing wana kalayan para kadang warga, salêbêtipun sataun anggèn kula namur kalayan ngalaya dhatêng ing pundi-pundi, punika sampun ngantos wontên tiyang ingkang sumêrêp dhatêng sajatining kawontênan kula. Bathara Darma angideni panyuwunipun, sarta lajêng dhawuh supados para Pandhawa sami lajêng dhatêng praja Wiratha, sanadyan namur warna kados punapa kemawon. Sarêng sampun dumugi mangsanipun para pandhawa tuwin Dewi Krêsna, pamitan dhatêng Dumeya sarta para brahmana sanèsipun, sasampunipun binarkahan, Pandhawa mangkat dhatêng Wiratha. (§ 312-314).

--- 4 : 180 ---

BAB VII Wirathaparwa

DuwiDupi. Pandhawa sampun sayuk saeka kapti, nêdya suwita Prabu Matswa narendra ing praja Wiratha, Sang Yudhisthira andangu dhatêng para ari sami badhe amindha punapa. Manawi sariranipun amindha brahmana, sêsilih, Kangka, dene ingkang badhe kagiyarakên kawruh ing atasipun kasukan dhadhu, pangangkahipun sagêda dados nayaka bagiyan lêbêt (Hoveling). Aturipun Bima, badhe lumêbêt dados juru olah-olah, (rêratêng = koki) tuwin tukang gêlut, sêsinglonipun, Balawa. Sang Arjuna kèngêtan pangandikanipun Sang Hyang Indra tuwin sotipun Apsari Uruwasi, mila lajêng matur manawi badhe mindha warna tiyang wandu, supados sagêd nunggil kalihan para parêkanipun sang prabu, badhe anggiyarakên piwulang bêksa tuwin gêndhing saha kêkidungan, sêsinglonipun, Wrahatnala. Nangkula santun nami Grantika, badhe dados gamêl, dene Sahadewa sêsilih Tantripala, pangangkahipun badhe dados pangèn lêmbu. Nanging Dewi Krêsna pêparap Sarindri badhe dados juru andandosi para putri. Yudhisthira marêngakên sarta sampun botên nyumêlangakên [nyumêlanga...]

--- 4 : 181 ---

[...kên] Dèwi Drupadi, amargi nêmtokakên pramèswari nata Wiratha tamtu sih. Dumeya sakancanipun para brahmana kadhawuhan ambêkta latu sukci dhatêng Drupada, tuwin ratanipun dhatêng Dwarawati, dene para abdi dhatêng Pancala. Kajawi Sang Dumeya sadaya botên wontên ingkang priksa ing pundi ingkang badhe dipun dunungi dening para Pandhawa.

Para Pandhawa kalayan Dèwi Drupadi sami pangkat dhatêng Wiratha, dene dêdamêlipun, kasingidakên ing wit-witan agêng sacêlaking pasetran, wit wau lajêng kagantungan mayit, supados sampun ngantos wontên tiyang ingkang purun anyêlaki. Sasampunipun anyingidakên dêdamêl, Yudhisthira lajêng mêmuji dhatêng Bathari Durga ngatingali sarta paring nugraha dhatêng Yudhisthira, punapadene sanggêm badhe angayomi. Yudhisthira sampun antuk nugraha, mila lajêng amêndhêt dhadhunipun ingkang kadamêl saking jêne tuwin nawarêtna, lumêbêt dhatêng karaton Wiratha. Sangking bagusing suwarninipun, Prabu MadwaMadswa. sakalangkung sihipun, ngantos lajêng kawisudha dados pangajênging nayaka. Bima dhatêng nyuwun dados juru olah-olah, ananging sang prabu ing galih kuwatos punapa kalênggahan punika sampun satimbang kalihan kawontênanipun, pramila lajêng katêtêpakên dados pangajênging juru rêratêngan. [rêra...]

--- 4 : 182 ---

[...têngan.] Dèwi Krêsna mangangge sarwa kusut, anyêlaki kadhaton, sarêng pramèswari nata uninga, lajêng kadhawahan nimbali, dinangu pundi pinangkanipun, aturipun Drupadi badhe pados pasuwitan, awit sangking sulistiyaning warninipun Drupadi, anggènipun anampèni kados putrining narendra, botên kados dhatêng pawongan. Dhawuhipun pramèswari nata dhatêng Drupadi, sariranipun ajrih badhe nampèni pasuwitanipun, amargi sumêlang manawi sang prabu kagiwang dhatêng kamanisanipun, ingkang ing dunya tanpa sisihan punika. Ing nalika wau Drupadi sajarwa, bilih piyambakipun punika sampun semah, dene priyanipun gandarwa gangsal, ingkang tansah angayomi, mila sampun saèstu gandarwa wau botên suka manawi wontên tiyang jalêr ingkang badhe angrêsahi. Pramèswari nata Dèwi Sudasena kaparêng ngabdèkakên, sarta sangêt aningali susilaning patrapipun Drupadi, sadaya sami kasamaran, bilih sorining nata. Botên watawis dangu, Sahadewa dhatêng, mangangge cara pangèn lêmbu, matur bilih badanipun sagêd sangêt angupakara lêmbu, mila lajêng katêtêpakên dados juru rumêksa lêmbu. Wasana Arjuna marêk sarwi mangangge pawèstri, nyuwun kadadosna gurunipun putri nata Dèwi Utari, prakawis bêksa [bê...]

--- 4 : 183 ---

[...ksa] sarta têtabuhan.

Sanadyan Prabu Madswa sampun andugi, bilih kathah èmpêripun prajurit tuwin para nata tinimbang dados tiyang wandu, ewadene badhe kacobi rumiyin kasagêdanipun, mila lajêng kadhawahan lumêbêt dhatêng kaputrèn, amiwiti mulang para pawèstri. Wusana Nangkula dhatêng, matur ing nata bilih piyambakipun gadhah kasagêdan ngupakara kapal. Sang prabu kêparêng ing galih, Nangkula lajêng kadadosakên pangagênging gamêl, ing ngriku para Pandhawa amiwiti tigawêlas taunipun anggèning kakendhangakên. Taun punika anggènipun kêdah anamur, ing ngriku sakalangkung têntrêm, botên kasangsaya ing panandhang malih.

Salêbêtipun sadasa wulan para Pandhawa wontên ing karaton Wiratha angladosi sang prabu tuwin pramèswari nata, kawontênanipun kaaji-aji tuwin bêgja. Ananging sarêng ngancik angsal sawêlas wulan, godha agêng anangsaya para Pandhawa, karantên kadangipun sang prabu kang sêsilih Sang Kincaka, têtindhihing wadyabala, sangêt kayuyunkayungyun. dhatêng Dèwi Krêsna, sanadyan Dèwi Krêsna sampun pratela, bilih sampun karabi dening gandarwa gangsal tur sangêt trêsnanipun, ewadene adrêng badhe kagarwa. Kincaka matur dhatêng kang bakyu Dèwi Sudasena, supados Dèwi Krêsna kautusa [ka...]

--- 4 : 184 ---

[...utusa] dhatêng padalêmanipun, sêngadi kadhawahan mundhut anggur. Kados punapa pambudidayanipun Sarindri, sagêdipun wande kautus, dados botên kacêcamah dening Kincaka, murih sampun aminihi lêlampahan ingkang kirang prayogi. Ananging tanpa damêl, awit pramèswari Dèwi Sudasena, sangking anggènipun badhe adamêl bingahipun kang rayi, Sarindri saèstu kautus. Dèwi Krêsna ing batos nyuwun pangayomanipun Bathara Surya. Sanadyan Dèwi Krêsna botên priksa, ananging sajatosipun Bathara Surya matah raksasa satunggal, anjangkunga sapurugipun Drupadi. Kincaka amapagakên kalayan sangêt lêganing panggalihipun, lajêng kadhawahan linggih. Dèwi Krêsna matur kalayan sangêt mangarah-arah, manawi dhatêngipun punika amung ngêmban timbalanipun pramèswari nata, kadhawahan mundhut anggur. Dèwi Krêsna kacêpêng tanganipun, nanging sarosa kinipatakên, inggal lumajêng wangsul, anjujug sacêlaking Yudhisthira tuwin Bima ingkang wêkdal punika pinuju wontên ngarsanipun sang prabu, Kincaka anututi kalihan sampun saputing driya. Sarindri kajambak rambutipun ngantos kalumah, lajêng dipun jêjêgi wontên ngarsanipun sang prabu. Raksasa ingkang angiringakên Dèwi Drupadi kalihan lêlimunan wau, lajêng ambanting sang Kincaka ngantos kalêngêr.

--- 4 : 185 ---

Kadospundi kawontênanipun Yudhisthira kalihan Bima, wêkdal priksa garwanipun ingkang sangêt dipun trêsnani kasiya-siya makatên wau. Tiyang lajêng sami sagêd andugi, kados punapa nêpsunipun Bima, nanging botên damêl punapa-punapa amargi mirêng panguwuhipun kang raka ingkang asrêp kadidene salju, makatên: he Balawa, apa kowe ora kêkurangan kayu kanggo urub-urub, yèn pancèn durung samêkta, mara banjur mêtua anêgor kayu. Drupadi sangking anggènipun badhe anêtêpi sêsanggêmanipun, mila kamipurun munjuk ing sang prabu, amargi anggènipun kacêcamah wontên ing ngarsanipun. Sang prabu ngandika: sariranipun botên uninga kadospundi purwaning prakawis nalika wontên ing jawi. Sang têtungguling nayaka anggènipun angluhurakên dhatêng sukcining manahipun Drupadi, langkung sangking rubedanipun Kincaka, Yudhisthira botên bibrah pangrèhipun dhatêng panggalihipun: Hèh Sarindri, aja suwe-suwe ana ing kene, nuli balia marang ngarsane gustimu, garwaning para satriya kudu kawawa nandhang prihatin, supaya migunani marang priyane, lan kudu nandhang saliring coba minôngka pisungsung marang sêsêmbahane, ing têmbe wadon mau bisa munggah ing kamulyan kang kaunggahan dening priyane. Para gandarwa priyanira sumorot kayadene [ka...]

--- 4 : 186 ---

[...yadene] srêngenge. Pangiraku ketoke kanêpsone iku ora dianggêp dalaning kautaman, mula ora age-age anulungi ing sira. O Sarindri: apa sira ora sumurup, yèn kabèh iki ana môngsakalane dhewe, dadi gonmu nangis iki kaya lêkase para dhalang, lan anggêmpal tata têntrêming karaton, mara Sarindri: balika marang dhatulaya, gandarwa lima iku mêsthi bakal gawe lêlakon kang anyênêngake pikirira, lan dhèwèke mêsthi ambirat kasusahanira, lan êndi wong kang dosa marang sira, bakal katiwasan.

Pêdhêsing wangsulanipun Dèwi Krêsna botên kenging cinôndra ing têmbung, nanging sanadyan kados punapa awratipun linampahan, ewadene Drupadi lêstantun sêtya dhatêng sêsanggêmanipun, wangsulanipun kados ing ngandhap punika: sadaya gandarwa semah kula, sangêt sihipun dhatêng kula, ananging amargi gandarwa ingkang sêpuh piyambak punika karêm dhatêng ngabotohan, mila sadaya kailês-ilês dening tiyang.

Kalayan wicantên makatên wau, Drupadi mêdal saking pasewakan, nêdya pados pangayoman dhatêng gêdhong palênggahanipun pramèswari nata, ingkang sampumsampun. mirêng pawartos lêlampahanipun Dèwi Krêsna. Dalunipun Dèwi Krêsna ngupadosi Bima, nanging pinanggih [pi...]

--- 4 : 187 ---

[...nanggih] tilêm, dipun gugah sarta dipun cariyosi lêlampahanipun, sadaya wau botên sanès amung saking kalêpatanipun Yudhisthira. Kados pundi anggènipun gêsang manawi pawèstri sabên dintên kapêksa nyumêrêpi priyanipun, ingkang sayêktosipun putraning narendra, tur sampun jumênêng nata, môngka lajêng sami nambut pakaryaning bôngsa sudra. Punapadene sariranipun piyambak, trahing awirya ingkang sampun dados sorining nata, samangke lajêng dados pawongan, kapêksa anyarup kêkonyoh, kangge angonyohi tiyang sanès, sarta kêdah lêlados kalayan angatos-atos, lajêng anêdahakên èpèk-èpèking astanipun ingkang kulitipun sakalangkung alus punika, sampun katingal kasap. Dupi mirêng wêwaduling garwa kang sangêt dipun trêsnani, saking sangêting nêpsunipun nanging ajrih dhatêng kang raka, astanipun Bima kalih pisan katutupakên pasuryanipun kalayan nanginnangis. kalara-lara. Ananging mêksa angarih-arih dhatêng kang garwa supados mangrèh dhatêng kasêdhihanipun. Panggalihipun sangêt karêrantan, awit saking sariranipun botên karsa anandukakên wêwalês ingkang botên sarana lampah utami, ucapipun Bima: sarantèkna satêngah sasi bae, sira bakal dadi sorining nata manèh. Nanging

--- 4 : 188 ---

Dèwi Krêsna lajêng angunjal napas, sarwi matur, manawi Kincaka botên pêjah, tamtu badhe angrudapaksa, upami kalampahan makatên, saèstu kula botên kadugi gêsang, pramila manawi Bima botên purun amêjahi Kincaka, enjingipun Dèwi Krêsna anggènipun rumêksa dhatêng kasukcianipun, kapêksa pados pangayoman sanèsipun, karantên priyanipun sampun botên kadugi angayomi. Ing nalika wau Bima sagah badhe amituruti panyuwuning garwanipun, dintên benjing- enjing wanci sontên Drupadi supados amêlingna dhatêng Kincaka, badhe pêpanggihan wontên ing salêbêting capuri dhatulaya ingkang sawatawis lindhuk, ing ngriku anggènipun Bima badhe amêjahi. Kalampahan Dèwi Drupadi anglêksanani pitêdahipun, Bima lajêng anyêgat ing panggenan ingkang sampun katêmtokakên. Sarêng Kincaka anyêlaki sarwi manuara, lajêng katubruk dening Bima, kalampahan sami pôncakara. Dangu-dangu Kincaka kasoran, lajêng kajuwing-juwing. Sasampunipun Dèwi Krêsna dipun têdahakên kunarpanipun Kincaka, Bima mêdal, dene Dèwi Krêsna lajêng api-api anjêrit, sêsambat manawi semahipun gandarwa, amêjahi mêngsahipun. Pawartos pêjahipun Kincaka sumêbar, mila para kulawarganipun Kincaka lajêng sami dhatêng, [dha...]

--- 4 : 189 ---

[...têng,] angêmpalakên kunarpaning kadang, badhe kabêsmi, sarta anyêpêng Dèwi Krêsna, nêdya kabelakakên. Dèwi Krêsna anjêrit asambat-sambat, Bima mirêng lajêng mêdal saking pasingidanipun, lumajêng dhatêng papan pambasmaran,pambasminan. sadumugining ngriku Bima ambêdhol mandira kangge gada, lajêng ngamuk, ingkang sami ngêpang kathah kang pêjah, sisaning pêjah sami lumajêng, mila Dèwi Krêsna uwal saking kasangsaranipun. Amargi saking lêlampahan makatên wau, sang prabu kraos ajrih dipun suwitani, mila Dèwi Krêsna katundhung. Dèwi Krêsna botên lênggana, namung angkatipun nyuwun sumêne tigawêlas dintên. (§ 13- 24)

Anyarêngi lêlampahan ingkang kacariyos ing nginggil, para têlikipun Duryudana, ingkang sami kadhawahan anglacak para Pandhawa, wangsul dhatêng Astinapura, ngaturakên tiwasing dinuta. Ananging atur pawartos, bab sirnanipun Sang Kincaka, senapati ing praja Wiratha. Sang Prabu Susarman, mitranipun Duryudana, ingkang sinaraya ngrabèsèng ngrabasèng. praja Wiratha, anjarah-rayah rajakayanipun Prabu Matswa lajêng sawega. Wolung dintên sangking têlasing wêwangên anggènipun Pandhawa kakendhangakên, Kurawa pangkat saking praja Astina, dene Prabu Susarman nganthi wadya Trigata sampun angrumiyini. Sang Prabu Wiratha angirid wadyabala [wadya...]

--- 4 : 190 -- -

[...bala] agêng, Yudhisthira Bima tuwin Nangkula Sadewa, ugi andhèrèkakên, mapakakên pangamukipun wadya Trigata. Dangu-dangu wadya Wiratha kasoran, sang prabu kaboyong dening Susarman. Kacariyos Pandhawa sakawan lajêng têtulung ing yuda, kalampahan manggih unggul, Prabu Susarman gêntos binoyong, dene Prabu Matswa kundur. Nanging salêbêtipun Prabu Matswa prang kalihan Prabu Susarman, Kurawa anjarah rajakaya ing Wiratha. Para pangeran lumajêng sasaran nêdya pados sraya, dhatêng ing pundi-pundi botên kapapak tiyang kajawi rajaputra Wiratha, Sang Utara, ingkang dèrèng wancinipun dados têtindhihing prang. Nanging kabêkta sangking ambêking lare, rajaputra wau sagah, manawi wontên tiyang ingkang purun angusiri ratanipun. Drupadi matur supados Wrahatnala kadhawahana ngusiri, mratelakakên bilih Wrahatnala punika tilas kusiripun Arjuna. Wrahatnala tinimbalan, kadhawahan angusiri, mila Wrahatnala enggal minggah ing kusiran, rata kasandêrakên anututi mêngsahipun. Sarêng sampun prang kalayan wadya Kurawa, Sang Utara karaos sumêlang, dhawuh dhatêng kusir supados rata dipun kèndêlna. Ananging Wrahatnala botên purun, sangking ajrihipun rajaputra Wiratha mancolot sangking rata, sarwi ambucal gandhewanipun. Wrahatnala inggal [ing...]

--- 4 : 191 ---

[...gal] anututi, kacêpêng rukmanipunrikmanipun. botên suka lumajêng. Aturipun Wrahatnala: suwawi gêntos angusirana, rajaputra kajunjung dhatêng kusiran, lajêng kaaturan anglampahakên ratanipun dhatêng kajêng agêng sacêlaking pasetran, ingih punika ing panggenan anggènipun Pandhawa nyingidakên dêdamêlipun, sawarsa ingkang sampun kapêngkêr, wêkdal badhe lumêbêt dhatêng dhatulaya Wiratha. Sang Nararya Utara kapurih mènèk, mêndhêt gandhewa, amargi langkapipun Utara botên anyêkapi kangge lumawan prang. Kados punapa sênênging manahipun Arjuna, sarêng angasta gandhewanipun. Arjuna lajêng nyariyosakên kawontênaning dêdamêlipun sadaya, sarta sintên ingkang gadhah, wêkasanipun lajêng matur: kula Arjuna, ugi ngaturakên para kadangipun sakawan pisan. Kados punapa bingahipun Sang Utara, malah ajrihipun lajêng sirna tanpa tilas. Mila Sang Utara lajêng angusiri, Arjuna anêmpuh mêngsah, gumludhuging rodha, tuwin kêdhêring kênthêngipun adamêl mirising mêngsah. Ingkang katêmpuh rumiyin Karna, sami prang Karna kacêpêng, lajêng karêbat dening Krêpa, nanging ratanipun Krêpa rêmuk, mila kapêksa mundur. Ing nalika wau Maharsi Drona dhatêng, Arjuna lajêng anyungkêmi padaning gurunipun, sarwi matur sampun ngantos adamêl pêpucuking prang. Drona

--- 4 : 192 ---

tanggap cipta sasmita, inggal angudani jêmparing, ing ngriku siswa prang kalihan gurunipun, ngantos Aswatama têtulung ing prang, nanging Drona lajêng lumajêng. Aswatama, Krêpa, punapadene Karna lajêng anututi plajêngipun Drona, Arjuna lajêng ambujêng Dusasana sakadangipun. Bima anyêgati palajênging mêngsah, wêkasan kalêmpêr, mila kapêksa dipun plajêngakên kusiripun. Arjuna unggul anggènipun prang, Duryudana mundur sawadyabalanipun, giris aningali pamukipun Arjuna.

Arjuna wangsul dhatêng mandira agêng pasingidaning dêdamêl, jêmparing saha gandhewanipun kawangsulakên ing ngriku, lajêng gêntos angusiri, dene rajaputra Wiratha lênggah ing rata, wangsul dhatêng salêbêting kitha. Ing nalika PrasuPrabu.

Matswa rawuh ing kadhaton, sakalangkung kagyat ing galih, mirêng pawartos manawi putranipun ingkang dèrèng diwasa wau, mapagakên prangipun para satriya têdhaking Kuru, ingkang misuwur ing jagad tanpa tandhing. Langkung malih kusiripun Wrahatnala, tiyang ingkang botên kulina ngusiri rata. Yudhisthira anglipur rudahing panggalihipun sang prabu, matur sarwi mèsèm, manawi kusiripun Wrahatnala, tamtu putra nata rahayu. Kasaru gêdêring pawartos karahayon tuwin unggulipun rajaputra, Yudhisthira matur malih, sintên ingkang ratanipun kinusiran deningKata "ning" dalam teks asli terdapat pada hlm. 193 jilid 5.