Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 5)

Katalog:Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508
Sambung:
1.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 1). Bahasa dan Budaya | Wayang #270.
2.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 2). Bahasa dan Budaya | Wayang #271.
3.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 3). Bahasa dan Budaya | Wayang #272.
4.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 4). Bahasa dan Budaya | Wayang #273.
5.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 5). Bahasa dan Budaya | Wayang #274.
6.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 6). Bahasa dan Budaya | Wayang #275.
7.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 7). Bahasa dan Budaya | Wayang #276.

--- 5 : 193 ---

Mahabarata Jilid 5

Warahipun paduka Nyonyah Dr. Ani Bèsên

Ingkang dipun ngalamati: Paprangan Agêng

Impunan saking Sêrat Mahabarata têmbung Sansêkrit.

Kajawèkakên dening: Radèn Mas Partawiraya, ing Surakarta

Kaêcap saha kawêdalakên dening: BOEKH. EN DRUKK.,,SWASTIKA" PASARPON - SOLO TELEFOON 430.

MAHA-BHARATA DEEL 5.

Wrahatnala, tamtu manggih unggul. Ing ngriku sang prabu mangalêmbana dhatêng kasudiranipun kang putra. Yudhisthira amargi priksa bilih sampun dungkap dumugining wanci anggènipun ngatingalakên kasatriyanipun, lajêng matur malih, manawi botên Wrahatnala ingkang ngusiri tamtu botên mênang. Sang prabu duka, dene Yudhisthira tansah ngaturakên kalangkunganipun Wrahatnala, mila wêngis wêdaling pangandikanipun dhatêng sang anamur warna. Pandangunipun, kadospundi dene Yudhisthira kamipurun nyamèkakên putraning narendra kalihan tiyang wandu. Atur wangsulanipun Yudhisthira, pukulun: sanèsipun Wrahatnala, sintên ingkang kawawa mapagakên krodhanipun, Bisma, Drona, Aswatama, Karna, Krêpa, tuwin Duryudana sakadangipun, ingkang putra tamtu botên kawawa lumawan sadayanipun. Ing nalika punika pasuryanipun Yudhisthira kagêbak dening sang prabu, ngantos rahipun adaleweran. Yudhisthira angusapi tatunipun, Dèwi Drupadi ingkang wêkdal punika ugi wontên ing ngriku, inggal lumajêng mêndhêt bokor kancana, kangge tadhahing rah supados sampun wontên rah ingkang dhumawah ing siti. Kasaru lêbêting nayaka atur uninga bilih rajaputra kalihan Wrahatnala badhe marêk ing ngarsa nata. Sang prabu dhawuh nimbali, ananging Yudhisthira inggal ambisiki ingkang jagi kontên, [ko...]

--- 5 : 194 ---

[...ntên,] supados Wrahatnala sampun ngantos dipun lilani mlêbêt, amargi manawi Wrahatnala priksa sariranipun agêgodros rah, tamtu Prabu Matswa kasirnakakên. Samantên kasabaranipun Yudhisthira, sanadyan pasuryanipun ngantos daleweran rah, ewadene botên malês punapa-punapa.

Wêkdal punika Utara lumêbêt, sarêng priksa paraupanipun Yudhisthira kataton sarta mirêng sababipun, lajêng matur ingkang rama manawi aturipun Kangka punika pancèn lêrês. Ingkang makatên adamêl sênênging panggalihipun sang anamur warna. Sarêng tatunipun Yudhisthira sampun kasasaban, Wrahatnala kalilan lumêbêt, Wrahatnala sumêmbah ing nata sarta angurmati dhatêng Kangka, lajêng angapurancang ngêntosi timbalanipun sang prabu. Prabu Matswa anolèh kang putra, angalêmbana ungguling prangipun, Sang Utara munjuk manawi sanès sariranipun ingkang angundurakên mêngsah, dene ingkang amapagakên putraning dewa, kalampahanipun para senapatining bôngsa Kuru kasoran lajêng sami angoncati, nanging saking panduginipun Sang Utara, para Kurawa badhe tumuntên wangsul.

Sarêng dumugi dintên kamulyan ingkang sampun dangu kaajêng-ajêng, inggih punika têlasing sêsanggêmanipun, para Pandhawa angrasuk busana [bu...]

--- 5 : 195 ---

[...sana] kasatriyan, ingkang rinêngga ing sêsotya nawarêtna, lumêbêt ing suyasa palênggahanipun sang prabu Matswa, sarta lajêng lênggah ing palênggahan ingkang amung kangge sadhiyanipun para narendra. Nalika Prabu Matswa miyos, priksa Pandhawa sami linggih ing ngriku, lajêng amêngku dêduka. Pangerang-erangipun Prabu Matswa, dene sami botên priksa dhatêng dhirinipun. Nanging Arjuna lajêng matur: kawuningana, punika sadhèrèk kula sêpuh, Maha Prabu Yudhisthira ingkang ambêg adil, inggih pêpêthinganing bôngsa Kuru. Prabu Matswa anjêngêr, wêkasan lajêng andangu, bilih nyata Yudhisthira, pundi ta para kadang-kadangipun, sarta Drupadi wontên ing pundi. Arjuna ngaturakên satunggal-satunggal: pangagênging rêratêng, pangagênging gamêl, sarta pangagênging pangèn, Sarindri tuwin sariranipun. Sang prabu bingah amrawata suta, ingkang môngka pangaji-ajinipun dhatêng para putranipun Pandhu, praja Wiratha sadaya kaparingakên dhatêng Yudhisthira, dene Arjuna kaganjar putrinipun, ingkang akêkasih Dèwi Utari. Arjuna botên kadugi nampèni, amargi Dèwi Utari pangrêngkuhipun dhatêng sariranipun kadi dhatêng bapa, mila manawi sang prabu marêngakên, Dèwi Utari badhe kadhaupakên kalayan sutanipun jalêr, nama Abimanyu, pulunanipun Basudewaputra.

--- 5 : 196 ---

Para nata sakiwa-têngêning Wiratha sami mêrtamu, punapadene Sri Krêsna angirid Sumbadra, kadhèrèkakên Abimanyu, tuwin sanès-sanèsipun malih. Abimanyu lajêng kadhaupakên kalihan putri nata, ingkang sulistya ing warni, mawi pamiwahan agêng. Dados minôngka panutuping anggènipun kakendhangakên ngantos tiga wêlas warsa, punika pasamuan agêng dhaupipun Abimanyu kalihan Utari. (§ 25-72)

Bab VIII Rukun punapa Prang

Ing wêkasaning bab ngajêng, nyariyosakên para narendra sami ngêmpal ing pamiwahaning pangantèn, ingkang kawontênakên satêlasing wêwangên anggènipun para Pandhawa kakendhangakên. Sabibaring bujana sampun tamtu lajêng wontên pitakenan: kadospundi wangsuling kaprabonipun. Mêsthipun jêngandika botên kasupèn, bilih prajanjiyanipun, satêlasing wêwangên anggènipun kendhang, kaprabonipun badhe kawangsulakên malih. Ingkang gadhah wêwênang ngurus prakawis punika para Pandhawa, nanging Duryudana punapa purun mituruti. Ing Sêrat Mahabarata jilid urutipun punika, ing Udyogaparwa, isi jawabipun pitakenan wau, sarta nyariyosakên lêlampahan sadèrèngipun wontên prang agêng.

--- 5 : 197 ---

Dintên sabiraring miwaha pangantèn, para nata tuwin para rajaputra sami arêrêmbagan wontên ing suyasanipun Prabu Matswa, ingkang sabên-sabên kangge animbang prakawis, parêpatan agêng wau dipun pramugarèni dening Prabu Drupada.

Sasampunipun anglairakên prêluning anggènipun sami ngêmpal, parêpatan tidhêm botên wontên sabawanipun. Para satriya sami mandêng dhatêng Sri Krêsna, kados sampun rumaos manawi Sri Krêsna punika langkung wicaksana, sarta sangêt sih dhatêng Pandhawa. Mila inggih amung Sri Krêsna ingkang kêdah amiwiti ngrêmbag prakawis wau, kadospundi pamanggihipun. Sri Krêsna nyariyosakên kalayan rêringkêsan, kasangsaranipun para Pandhawa nalika taksih timur, ingkang margi saking piawoning pandamêlipun Duryudana. Sri Krêsna nyuwun timbanganipun para nata, kadospundi lampah ingkang sagêd adamêl panrimahipun para Pandhawa tuwin Kurawa, nanging ingkang turut kalayan lampah adil, pundi ingkang kagalih prayogi dening para nata lajêng badhe katindakakên. Nanging pamanahipun Duryudana utawi pandamêlipun ugi dèrèng kasumêrêpan, pramila saking pamrayoginipun Sri Krêsna, kêdah nglampahakên wakil dhatêng Duryudana supados anglilahakên sapalihing nagari dhatêng Yudhisthira.

--- 5 : 198 ---

Baladewa anambung sabda, manawi Yudhisthira purun nglilahakên sapalihing nagari, Duryudana kintênipun ugi badhe amituruti. Punapadene sangêt pamurihipun, supados ingkang kapatah dados wakil, punika sagêda mêmalat sih, dados sagêd angêntas kasangsaranipun Yudhisthira anggènipun kasukan. Kang ambêg purun risang Satyaki sangêt botên condhong, lajêng majêng sarwi pratela bilih kalampahanipun Yudhisthira purun kasukan, punika amung anêtêpi kasatriyanipun, wasana matur: kula têdhanipun sarana lêpasing jêmparing kemawon. Drupada mrayogèkakên supados sampun ngantos prang, ananging ugi nyariyosakên, bilih angèngêti wangkalipun Duryudana ingkang samangke sampun anyuruhi para narendra sakiwa-têngêning praja Astina, sampun saèstu badhe tumuntên kalampahan prang, amargi tiyang ingkang sami ambêg utami sabên dipun sraya, tamtu lajêng amituruti, mila wêwakil punika kêdah amanggihi Prabu Drêtarastra. Ingkang makatên dipun prayogèkakên dening Sri Krêsna, sarta Sri Krêsna lajêng kondur dhatêng Dwaraka. Drupada amatah paranpara Pancala, kautus matur ratuning bôngsa Kuru, dene para satriya sanès-sanèsipun sami ngêmpal, agolong-golongan, amilih pundi ingkang badhe kabiyantu. (§ 1-6)

--- 5 : 199 ---

Duryudana punapa Arjuna sami kapengin kabiyantu dening Kesawa, mila sami dhatêng Dwaraka. Dhatêngipun ing Dwaraka sarêng sadintên, nanging Sri Krêsna sawêg pinuju sare. Duryudana lajêng lênggah ing palênggahan adi ing sacêlaking ulon-ulon, nanging Arjuna amarikêlu asta angapurancang wontên ing dagan. Sarêng Sri Krêsna wungu, ingkang kauningan rumiyin Arjuna, sasampunipun angsung pambage, lajêng andangu sababipun, dene nêdhênging anandhang pakèwêd agêng lajêng katilar dhatêng Dwaraka. Duryudana mangsuli rumiyin, sarèhning badhe wontên paprangan agêng, pramila dhatêng rumiyin wigatos badhe mintasraya ing panjênênganipun. Sri Krêsna karênan sarta pitados manawi Duryudana ingkang dhatêng rumiyin, nanging lajêng mangsuli, sarèhning sawungunipun ingkang katingalan rumiyin Arjuna, mila ugi badhe ambiyantu ing sakalih-kalihipun. Sri Krêsna kagungan wadya 10 èwu, pêpilihan, sangkêp sagêgamaning prang, dene ingkang minôngka sisihanipun wadya 10 èwu wau, sariranipun tanpa kanthi, tanpa dêdamel, tur botên tumut lumawan prang, punika sami kapiliha. Sarèhning Arjuna ingkang nèm, kêdah amilih rumiyin, andikanipun: hèh atmajaning Kunthi, sira dakwênangake milih dhisik. Arjuna botên mawi kamanah lajêng [la...]

--- 5 : 200 ---

[...jêng] amilih Sri Krêsna. Amargi sihipun dhatêng Sri Krêsna, angungkuli sadaya kawontênan ing dunya. Duryudana sangêt kalêgan dene sariranipun angsal bageyan wadyabala agêng. Baladewa botên karsa ambiyantu dhatêng kalih-kalihipun. Duryudana wangsul dhatêng Astinapura kalihan inggaring panggalih ngirit wadya sadasa èwu, tur pêpilihan, pangintênipun angungkuli Sri Krêsna, amargi Sri Krêsna botên karsa rumagang ing prang. Sapêngkêripun Duryudana, Sri Krêsna dangu dhatêng Arjuna, kadospundi dene amilih sariranipun ingkang botên badhe tumut lumawan prang. Atur wangsulanipun Arjuna, sariranipun sampun kadugi anyirnakakên sadaya mêngsahipun, dados anggènipun amilih Sang Kesawa punika amung amrih kuncara ing jagad. Sampun dangu anggènipun kapengin bratayuda jayabinangun têmbe, ratanipun dipun kusirana Sri Krêsna, aturipun Arjuna: amila punapa paduka kaparêng anglêksanani pangajêng-ajêng kula. Wangsulanipun Kresna: supaya kasêmbadan pangarêp-arêpira, ingsun bakal angusiri ratanira. Kalayan suka sokuring panggalih, wangsulipun Arjuna asêsarêngan Sri Krêsna, inggih sêkaring bôngsa Dhaharsa. Yudhisthira amarwata suta, karantên sampun kalêbêt ing wêca, sintêna ingkang kadunungan Sri Krêsna, punika ingkang jaya ing palagan agêng têmbe.

--- 5 : 201 ---

Duryudana mirêng pawartos manawi Prabu Salya ing nagari Madras, pangkat nêdya ambiyantu Pandhawa, mila anggènipun badhe ngrumiyini mêngsahipun, lajêng anandukakên lampah cidra. Ing margi ingkang badhe dipun langkungi dening Prabu Salya, sami dipun adêgi pakuwon, sarta kasadhiyan sêgah sakalangkung prayogi. Nalika sang prabu Salya animbali dhatêng tiyang ingkang mapakakên, kinintên wadyaning Pandhawa, Duryudana piyambak angladosi, sarêng sampun rampung anggènipun ngladosi pamundhutipun, Duryudana matur angasih-asih supados sang prabu têmbe karsa dados senapati Kurawa. Prabu Salya rumaos kacêmplung ing wuwu. Mila kapêksa anyagahi, kalayan risaking panggalih anggènipun anglajêngakên lampahipun dhatêng Pandhawa, prêlu paring priksa anggènipun sampun kapêksa dening Kurawa. Yudhisthira enggal umatur, manawi lampahanipun sang prabu punika anglênggahi kautamèn, ananging Yudhisthira gadhah panyuwun, manawi Sang Prabu Salya angusiri ratanipun Karna anggènipun tandhing prang kalayan Arjuna, punika sang prabu kêparênga angayomi Arjuna, tuwin anyangêtakên kawantêranipun Karna, sarana angalêmbana Arjuna, amargi sampun botên sêmang-sêmang, manawi sang prabu badhe kasuwun supados angusiri ratanipun Karna, karantên [kara...]

--- 5 : 202 ---

[...ntên] tiyang sami priksa wawrating tandhing, Salya sawawrat kalayan Sri Krêsna. Prabu Salya nyanggêmi, lajêng pangkat sawadyabala dhatêng Astina. (§ 7-8-18)

Para prajurit sami angêmpal golong-golongan, ingkang kaayoman têtunggulipun Yudhisthira sadaya wontên, 7 aksuini,(*) dene wêwêngkonipun Duryudana sawêlas. Paranpara Pancala sampun dumugi ing Astinapura, matur pêpèngêt, manawi hakipun Pandhawa dhatêng têtilaranipun kang rama, sampun kakêkap dening putranipun prabu Drêtarastra, sarta sarêng Pandhawa ngadêgakên karaton piyambak ugi lajêng dipun alap malih sarana lampah silip, mila sampun saèstu prayogi bilih gadhahanipun Pandhawa kawangsulakên, kados prajanjiyan ingkang sampun katamtokakên, tinimbang angwontênakên karisakan agêng amargi wontên pêpêrangan. Bisma angrujuki dhatêng pramayoginipun paranpara Pancala, nanging Karna lajêng sumambung atur ingkang kaduk sêrêng, mila lajêng dados darêdah. Sang prabu Drêtarastra anyapih ingkang sami garêjêgan, sarta paranpara Pancala kaaturan wangsul, amargi sang prabu badhe utusan Sanjaya dhatêng Pandhawa. Sanjaya kautus maringakên pangèstunipun sang prabu dhatêng para Pandhawa, sarta kadhawahan anglairakên [anglair...]

--- 5 : 203 ---

[...akên] pangalêmbananipun sang prabu sarta pangimur-imur, nanging sang prabu botên dhawuhakên kasagahan punapa-punapa. Sanjaya amung kadhawahan ngangkah kalampahanipun botên saèstu prang. Awêwaton sêsanggêmaning tiyang gêsang. Wangsulanipun Yudhisthira sawatawis sêrêng: tiyang Pandhawa botên niat prang, nanging sang prabu kalihan putranipun ingkang mêksa prang amargi angrisak adil, mugi Indraprastha kawangsulna. Sanjaya amêksa-mêksa, matur manawi langkung prayogi gêsang papriman, tinimbang gêsang anjalari prang. Yudhisthira matur dhatêng Sri Krêsna kadospundi ingkang kêdah dipun lampahi. Dhawuhipun Sri Krêsna dhatêng Yudhisthira punika prayogi sami kamirêngakên, sarta botên abau kapine. Mratelakakên prayoginipun Pandhawa, Sanjaya angèngêtakên dhatêng wajibing kasatriyan, ingkang makatên adamêl sangêting kasangsaranipun, ewadene mêksa taksih ngangkah rukun, ngantos botên angèngêti wajibing satriya. Sri Krêsna piyambak sagah badhe dhatêng prajanipun bôngsa Kuru, wigatos badhe tumut angrêmbag prakawis punika. Ewadene Sri Krêsna ugi dhawuh manawi sampun botên kenging dipun singkiri, mêsthi kalampahan prang. Sanjaya pamit, Yudhisthira marêngakên, sarwi pinitungkas: pêpenginan kang angrubeda batinira, yaiku [ya...]

--- 5 : 204 ---

[...iku] kêpenginira supaya Kurawa mangrèh ing jagad tanpa tandhing mau ora pratitis, kang mangkono ora adil. Saka panêmuku, êndi kang aku ora bungah yèn kataman, aja pisan-pisan katandukake marang wong liya, hèh pêpêthinganing senapati têdhak Barata, apa ambalèkake Indraprastha apa milih prang.

Sasampunipun ngandika makatên, Yudhisthira lajêng mitungkas dhatêng Sanjaya, angaturna sêmbah pangabêktinipun dhatêng Prabu Drêtarastra, Bisma tuwin Widura. Punapadene dhatêng Duryudana, supados mratelakna manawi sariranipun botên pisan-pisan saksêrik dhatêng panganiayanipun, sarta panyamahipun dhatêng Dèwi Krêsna. Ananging Yudhisthira mêksa nyuwun wangsulipun sapalihing nagari, punapa sapropènsi, manawi kaparêng tamtu sampun botên wontên rêsbak punapa-punapa, lêstantun sami rêrukunan, Sanjaya lajêng mundur mantuk dhatêng Astina. (§ 19 -32)

Sadhatêngipun Sanjaya dangu sangêt anggènipun sami rêbat lêrês, sarta kados punapa ngandhar-andharing aturipun Sanjaya, anggènipun ngaturakên punapa ingkang sampun kamirêngakên tuwin dipun sumêrêpi. Bisma angèngêtakên dhatêng Kurawa, manawi Wasudewaputra tuwin pun Arjuna, punika panjanmanipun Nara

--- 5 : 205 ---

kalihan Narayana, prajuriting dewa, mila botên wontên tiyang ingkang sagêd ngawonakên, makatên ugi Durna angarih-arih sang prabu supados mituruta sapamrayoginipun Sang Bisma. Ananging malah lajêng kasingkur, andangu kathahipun wadya Pandhawa, tuwin lajêng karuna ngèngêti gênging karisakan ingkang badhe kalampahan, ewadene ugi lajêng kèndêl amargi saking aturipun kang putra. Duryudana angecani panggalihipun kang rama, matur manawi Duryudana tamtu badhe manggih unggul, amargi sariranipun pêpêthinganing para senapati ingkang wasis asikêp gada, langkung malih Sang Bisma, Drona, Aswatama, Krêpa tuwin Karna dados kanthinipun, sarta wadyanipun kaot sapratigan kathah wadya Kurawa. Ing ngriku wiwitipun rêrêmbagan malih. Duryudana pratela sanadyan namung sanyari botên badhe purun nyukani siti dhatêng Pandhawa.

Wasana Prabu Drêtarastra piyambak ugi mrayogèkakên sagêdipun arêrukunan, amargi prang punika amung adamêl karisakaning kalih golongan. Duryudana botên santun kêkêncêngan, inggih punika prang, angungasakên kêkêndêlanipun piyambak, tuwin anêmtokakên sariranipun botên sagêd kasoran. Karna ambiyantu Duryudana sarta sêsumbar, manawi bala [ba...]

--- 5 : 206 ---

[...la] Pandhawa badhe amung kasirnakakên dening tangan kiwa. Ngantos sawatawis sêrêng Bisma anggènipun ngêndhak. Karna lajêng cariyos bilih badhe sèlèh dêdamêl, sarta botên badhe prang sadèrèngipun Sang Bisma kaanggêp layon, sasampunipun cariyos makatên, Karna mêdal, wangsul dhatêng pakuwonipun piyambak.

Drêtarastra taksih tansah angarih-arih kang putra supados atut arukun kalihan Pandhawa. Nalika wau sang prabu utusan nimbali Sanjaya. Wigatos kapasrahan kalampahanipun rukun. Sanjaya munjuk kêdah Dèwi Gêndari, nanging Wiyasa rawuh, wontên sacêlakipun Prabu Drêtarastra tuwin Duryudana, sang maharsi ngandika: manawa Wasudewaputra iku jiwaning sagung dumadi, iya dewaning pêpasthèn lan pati, sarta kang dumadèkake kabèh iki, êndi dununge Krêsna, yaiku kang mênang. Ing ngriku Prabu Drêtarastra amêtêlakên kang putra supados angayoma dhatêng Sang Kesawa. Ananging Duryudana lajêng matur: sanadyan putranipun Dèwi Dewaki ingkang salira bathara sampun sayuk saabipraya kalihan Arjuna, badhe nglêbur sadaya manungsa, kula badhe botên purun nungkul dhatêng Kesawa. Kalayan sampun tanpa karêkat kang rama tuwin kang ibu anggènipun angoso-oso [a...]

--- 5 : 207 ---

[...ngoso-oso] dhatêng kang putra. Sang Wiyasa lajêng dhawuh supados sang prabu kemawon angayoma dhatêng Sang Janardana. Ingkang sami rêrêmbagan lajêng kèndêl awit saking pamambêngipun Sanjaya kalayan anêbut asmanipun Sri Krêsna, saha kaparêngipun Prabu Drêtarastra,--- adhuh, owêl dene botên sagêd kalampahan manglindhung pangwasaning dewa. Anyarêngi lampahan punika, para Pandhawa wau ugi sami angrêmbag prakawis wau. Sri Krêsna ngandika manawi badhe pinanggih Kurawa, parlu badhe amucuki prang. Yudhisthira sakawit mambêngi, awit sumêlang bilih Sri Krêsna manggih pakèwêt. Ananging sarêng Sang Kesawa ngandika manawi pundi ingkang badhe kasirnakakên, mêsthi botên wontên tiyang ingkang sagêd mambêngi, ing ngriku Yudhisthira lajêng jumurung dhatêng karsanipun kang raka. Sri Krêsna angèngêtakên, manawi Yudhisthira punika satriya, têtela nistha manawi sugêngipun amung lêstantun saking anggènipun pêpariman, dene tindakipun Sri Krêsna dhatêng Astina punika wigatos badhe ngangkah kalampahanipun Kurawa anglilahakên sapalihing nagari ingkang botên sarana prang. Ewadene Sri Krêsna ugi lajêng ngandika, manawi prakawis prangipun Kurawa kalayan Pandhawa, sampun tamtu kalampahan. Wêkdal punika wontên lêlampahan sakalangkung mokal, amargi

--- 5 : 208 ---

Bima ingkang sêngsêm sangêt dhatêng bôndayuda, ucapipun ngewak-ewakakên manah, mrayogèkakên sagêdipun kalampahan rêrukunan, supados Pandhawa botên dados pangrisaking bangsanipun. Kalih prakawis wau anglêngkara sangêt, candranipun kadi gunung ingkang sirna awratipun, utawi latu têlas bêntèripun. Kesawa mèsêm sarwi alon pangandikanipun, mratelakakên bilih ucapipun Bima ingkang makatên wau mratandhani Bima kadadak karaos sumêlang. Mokalipun, kadidene kewan dipun prentah sarana têmbung. Sarêng midhangêt pangerang-erangipun Sri Krêsna makatên wau, Bima lajêng nêpsu, matur manawi anggènipun wicantên makatên punika botên saking ajrih, amung angèngêti manawi sami têdhak Barata. Ing ngriku Sri Krêsna ngandika kalayan sêmu mangarah-arah, ngèngêtakên manawi Bima punika lugu darahing bôngsa satriya, punapa darunanipun têka wicantên makatên, amargi salami-laminipun tamtu botên badhe kalampahan sae, bilih wohing pandamêlipun punika kamanah langkung parlu tinimbang wajibipun. Mênggahing kawajiban kêdah dipun rampungakên, sanadyan kados punapa kemawon kadadosanipun.

Pangkatipun Sri Krêsna anglampahi pakaryan agêng dhatêng Astinapura, [Asti...]

--- 5 : 209 ---

[...napura,] punika amarêngi wulan Kêrtika. Dupi Prabu Drêtarastra mirêng, lajêng dhawadhawah. tata-tata pamiwahan anggènipun badhe nampèni rawuhipun Sri Krêsna, dhawuhipun dhatêng Duryudana, ing margi-margi wiwit wêwêngkon Astina, sabên saonjotan kaadêgana tarup wêwangunan adi, kasadhiyakakên kangge pakèndêlan, murih Sang Kesawa karsa kèndêl. Sarêng Sang Widura mirêng rekanipun sang prabu makatên wau, sangêt botên jumurung, amargi ingkang makatên atêgês Sang Kesawa nêdya katungkulakên sarana kasugihan, dados sampun tamtu botên sagêd kalêksanan. Duryudana angrujuki dhatêng pamrayoginipun kang paman, matur manawi wêkdal punika botên prayogi angluhurakên Sang Kesawa sarana lampah lêlamisan. Duryudana matur manawi piyambakipun botên angidhêp ing dewa, wicantênipun: ingkang sampun dados kêkêncênganing manah kula, punika prayogi sangêt, Janardana pangayomanipun para Pandhawa badhe kula cêpêng, amargi dhatêngipun sarta Hrèsi Kesawa sapisan punika dados utusan. Sang Bisma anjola, ngandika kadi angêsotakên dhatêng Duryudana, manawi kalampahan makatên têmtu Kurawa badhe lêbur tanpa kukupan, Duryudana botên kadugi mirêngakên kathahing pamrayogi, mila lajêng mêdal ing jawi.

--- 5 : 210 ---

Lampahipun Sri Krêsna saya cêlak kalihan karaton Astina, para putranipun Prabu Drêtarastra kairid dening Bisma, Drona tuwin Krêpa amapagakên Sri Krêsna. Sasampunipun sami bage-binage, Sri Krêsna lajêng dhatêng dalêmipun Widura, sowan ing Dèwi Kunthi. Sasampunipun anglairakên risaking panggalihipun, katêtangi raos kasudiraning kasatriyan, Dèwi Kunthi ngandika dhatêng kang putra Sri Krêsna: "iki wus cêdhak wancine kaya pangarêp-arêpe para putrine bôngsa satriya gone anak-anak priya. Lamun ing wanci iku sira tumambuh, ora gawe apa-apa, dunya kang samêngko padha angluhurake ing sira iku mêsthi malah padha angucapake têmbung panacad kang lumrahe ora bisa kawêtu, yèn kongsi kalakon mangkono dadi sira iku anegakake aku. Manawa wus têkan môngsakalane, sanadyan uripe kang gêdhe bangêt ajine, iku uga kudu kinurbanake". Sasampunipun Sri Krêsna anglipur dhatêng kang ibu, Sri Krêsna lajêng dhatêng suyasanipun Duryudana sangêt sinugun-sugun, nanging sarêng kaaturan bujana Sri Krêsna botên karsa dhahar. Aturipun Duryudana kalayan aris, ananging nawung pangangkah badhe nandukakên cidra, pitakènipun: wontên punapa dene botên karsa dhahar, wangsulanipun Sri Krêsna: prayogi [prayo...]

--- 5 : 211 ---

[...gi] sangêt: ing atasipun utusan sawêg kenging nêdha manawi prêlu ingkang kabêkta punika sampun rampung. Sarêng Duryudana amêksa-mêksa Sri Krêsna mangsuli kalayan sêmu sêrêng "botên amargi saking pêpenginan, botên saking ngangkah kabêgjan, sarta botên saking gêgêthingan, ugi botên awit saking panasaran, kula tamtu damêl kasaenan, saha amung badhe anêdha têtêdhan saking tiyang ingkang sami sih. Tiyang kenging nêdha sanèsipun, manawi tiyang sawêg sangsara, o: prabu, môngka ngantos dumugi samangke, pandamêl paduka dèrèng nate wontên ingkang anênangi sih kula, ugi botên damêl kasangsaran kula. Dhuh! prabu, wiwit miyos paduka botên sarju dhatêng Pandhawa, ingkang utami sangêt pambêkanipun, sadaya têtêdhan punika karêgêdan dening piawon, pramila botên prayogi upami kalampahan kula nêdha punika, saking pangintên kula, amung têtêdhan saking paman Widura ingkang prayogi kula têdha. "Sasampunipun ngandika makatên, Sri Krêsna jumênêng, lajêng anilar Duryudana wangsul dhatêng padalêmanipun Widura malih. Dalunipun abawaraos kalayan Sang Widura, Sri Krêsna matur manawi anggènipun dhatêng Astinapura punika pangangkahipun badhe angluwari dunya saking rêgêmaning pêjah, sangêt pamurihipun sagêda kalampahan rukun, [ru...]

--- 5 : 212 ---

[...kun,] tamtu badhe dados prayoginipun kalih golongan. Manawi Kurawa purun mirêngakên pamrayoginipun Sri Krêsna, ingkang kaèbêkan kawicaksanan, adil, saha agêng pigunanipun, tamtu kalampahan arêrukunan kados pangajêng-ajêngipun Sri Krêsna. Enjingipun Sri Krêsna manjing panangkilan, ing ngriku sampun kêbak dening para nata tuwin para satriya, ingkang busananipun rinêngga ing sêsotya nawarêtna. Sarêng Sri Krêsna ingkang paningalipun kadi sêkar tunjung, mangagêm sarwa jêne, katingalipun kadi nila kaêmbanan ing mas, tuwin mangagêm manik kastuba ingkang sunaripun ambalêrêngi punika lumêbêt, sadaya lajêng sami angurmati. Para nata miwah para satriya sami amandêng ing panjênênganipun, kalayan tidhêm pramanêm, ngantos Sri Krêsna ngandika, suwantênipun kadi galudhug ing môngsa jawah, "dhuh:para têdhak Barata, dhatêng kula ing ngriki amung murih lêstantunipun Pandhawa lan Kurawa sami atut arukun, dados botên dadak mawi angutahakên rahing senapati." Sasampunipun ngandika makatên, Sri Krêsna lajêng wiwit anêrangakên badhe kados punapa kuwawinipun Prabu Drêtarastra, manawi para Pandhawa kalayan para putranipun sami rumêksa singangsananipun. Ananging upaminipun salah satunggaling golongan wau wontên ingkang [ing...]

--- 5 : 213 ---

[...kang] sirna, punika punapa kêkapanipun. Raos wêlas asihipun nalika Pandhawa taksih sami alit punika dipun gêsangna malih. Para Pandhawa sampun sami anêtêpi prasêtyanipun anglampahi dados tiyang bucalan salêbêtipun tigawêlas taun, mila samangke mugi sang prabu ugi botên angingkêdi pangandikanipun. Sri Krêsna lajêng ngandika manawi dados wakilipun Pandhawa, ngandikanipun: "kawuningana kula sampun anglampahi sadhawah paduka, kalayan nandhang saliring sangsara wontên ing asêpi, mugi panduka kaparênga mêngku kadosdene bapa utawi sadhèrèk… manawi kula kalayan para sadhèrèk kalintu tindakipun, sampun dados kawajibaning bapa angukum dhatêng kula sadaya saha lajêng pitêdah margi ingkang prayogi, mugi paduka ugi tumindaka ing margining adil." Punapadene Sri Krêsna angèngêtakên dhatêng Prabu Drêtarastra kados punapa kasangsaran ingkang sinandhang dening para sutanipun Pandhu, ingkang kalampahan kanthi panalôngsa sarta tansah angêgungakên apura, andikanipun Sri Krêsna: "amung murih têtêping adil, sarta kamulyan tuwin kanugrahan paduka, dhuh: prabu, mugi sampun dados cêcongkrahan, sampun ngangkah damêl karisakaning tiyang ing dunya, sarta sampun nganggêp sae dhatêng piawon

--- 5 : 214 ---

saha sampupsampun. nganggêp awon dhatêng kasaenan, o: ratuning bawana, kêparênga amêksa para putra, supados ambirat kamurkanipun, manawi paduka katêmpuh ing parangmuka, para anakipun Prita, tamtu mirantos badhe lêbur ing ayahan paduka, dhuh, dhuh, narendraning bôngsa Kuru, mugi tumindaka ing margi ingkang têtela prayogi tumrap paduka. "Suwantênipun Sri Krêsna ingkang dumêling kadi kêncringing salaka punika botên kapirêng malih, ing ngriku botên wontên sabawa ingkang kapiyarsa, para narendra amung sami kèndêl botên wontên ingkang purun anyambêti pangandika.

Wasana para rêsi gêntos-gêntos tumolih dhatêng Duryudana, ngandikakakên sawarnining lêlampahanipun tiyang ingkang sami manggih asor amargi kasasarakên dening kumlungkungipun. Maharsi Naradha ngantos dangu anggènipun angasih-asih supados Duryudana miturut dhatêng pamrayogining mitra-mitranipun ingkang sami sae pangangkahipun, nanging tanpa damêl kemawon. Ing nalika wau Prabu Drêtarastra mangasih-asih dhatêng Sri Krêsna supados Sri Krêsna angrêmbagi dhatêng putranipun kang sasar tuwin awon punika. Mila Sri Krêsna lajêng anyêlaki Duryudana, sarta alon pangandikanipun, mrayogèkakên Duryudana

--- 5 : 215 ---

ambirata ardanipun lajêng arukunan kalayan Pandhawa, manawi kalampahan makatên, kajawi adamêl kamulyanipun sadaya, ugi sampun angèstokakên dhawuhing rama ibu. Andikanipun Krêsna:"o prabu anom, karsanipun kang rama pinituhua, paduka arukuna kalayan Pandhawa, dhuh ulu-uluning bôngsa Kuru, agêng kanugrahan ingkang badhe andika panggih, sintên ingkang botên adil, punika nyamêktani asoring prangipun. Andika sampun ngantos dados jalaran karisakaning para kadang warga, sarta para senapati andika, murih wadya andika sampun dados sêksi, manawi andika ingkang anyirnakakên bôngsa andika piyambak, sarta anêlasakên kêkiyataning prangipun. Sarana pambiyantuning Pandhawa andika badhe kalampahan jumênêng nata binathara, bilih andika rêrukunan kalihan Pandhawa sarta pamrayogining para mitra, sampun saèstu andika badhe manggih kamulyan salaminipun.

Sang Bisma sumambung, mangarih-arih dhatêng Duryudana supados sampun anjêngkangakên rama ibu dhatêng samodraning kasangsaran. Ing nalika wau Drona, Widura, tuwin Sang Drêtarastra piyambak, lajêng Bisma tuwin Drona malih, sadaya tansah sami pêpèngêt kalayan têmbung arum sarta angatos-atos. Ewadene [E...]

--- 5 : 216 ---

[...wadene] botên wontên ingkang katurut, malah sugal wangsulanipun, Duryudana pratela manawi botên kalintu. Sarta lajêng angambali malih wicantênipun:"o: Madawa, sadangunipun kula taksih gêsang, sampun ingkang sapalihing nagari, nadyan siti namung sapucuking dom kula botên badhe anglilahakên dhatêng Pandhawa." Wêngis wangsulanipun Kesawa:"he, dados jêngandika badhe adamêl karisakaning para senapati, andika dalasan para nayaka andika tamtu badhe nandhang karisakan. O: Duryudana, dados jêngandika angkahi pusakanipun Pandhawa, sanadyan panêdhanipun Pandhawa kalayan panalôngsa, punapa anggèn jêngandika nglilahakên manawi andika sampun sirna." Sanalika wau Duryudana mêdal saking sitibêntar kalayan sakalangkung runtik, ngantos atilar kasusilan dhatêng para pinisêpuh, lajêng katutwingking dening para ari saha para ingkang sami angrojongi piawonipun. Wasudewaputra mrayogèkakên supados sang prabu amikut Duryudana, Dusasana, Sangkuni tuwin Karna, lajêng kapasrahna bandan dhatêng Pandhawa, murih bôngsa satriya sampun ngantos manggih karisakan. Ananging Prabu Drêtarastra nêdya ngupados pangayoman kang wêkasan, animbali kang garwa Dèwi Gêndari, kadhawahan angèngêtakên putranipun kang wangkal [wang...]

--- 5 : 217 ---

[...kal] punika, mila Duryudana lajêng katimbalan kang ibu supados wangsul, paraupanipun Duryudana katingal marbabang angatirah labêt saking sangêting napsunipun. Kadospunapa ngarah-arah saha alusing dhawuhipun kang ibu, anggènipun angarih-arih supados miturut sapamrayoginipun Sri Krêsna. Ananging Duryudana botên mangsuli, amung lajêng kesah kalayan botên anguncupakên asta, pinilaur angrungkêpi sêdyanipun ingkang kirang prayogi. Satyaki priksa larabipun Duryudana, bilih badhe anandukakên cidra, mila lajêng matur dhatêng Kesawa, Drêtarastra tuwin Widura, bilih Duryudana nêdya amikut ingkang paningalipun kadi sêkar tunjung. Pangandikanipun Sang Bisma: Duryudana sagolonganipun kadidene tiyang ewah, utawi lare alit, dene latu agêng murub badhe kacêpêng kalihan sinjangipun. Kesawa matur dhatêng Prabu Drêtarastra: supados sêdyanipun Duryudana makatên wau sampun pinambêngan, sarta Krêsna sagah, botên badhe amalês. Ing nalika wau Duryudana anglêmpakakên para ari tuwin wadyanipun lajêng kairit dhatêng sitiluhur. Kang rama punapadene Widura sami nyariyosakên kasêktènipun Sri Krêsna, bilih botên wontên tiyang ingkang sagêd amikut Kesawa manawi botên dados kaparêngipun piyambak.

--- 5 : 218 ---

Sang Kesawa anolèh dhatêng Duryudana, lajêng ngandika: hèh Suyudana, amarga sira korup dening para cidra, dadi sira anduga yèn ingsun ijèn, mulane sira darbe pangangkah nêdya marôngka marang ingsun, sawuse sira cêkêl sarana kêkuwatan gêdhe. Nanging sumurupa, para Pandhawa sakèh para wrêsni, lan sagung para bôngsa andaka, padha anèng kene kabèh. Apadene para aditya, rudra, para rêsi sarta sarapara. wasu, kabèh padha anèng kene. Sasampunipun ngandika makatên Sang Kesawa angèsêmi dhatêng mêngsahipun ingkang sakalangkung alitipun wau. Ing nalika punika sariranipun Krêsna mêdal para dewa ingkang wujudipun mawarni-warni, angêpang panjênênganipun kadi srêngenge kalangan, Arjuna katingal wontên kiwanipun, dene Baladewa ing kanan, Pandhawa sakawan wontên ing wingkingipun. Ing gêgana kaèbêkan suwantêning têngara prang, tambur, bêdhug, salumprèt tuwin sapanunggilanipun malih, punapadene lajêng jawah sêkar. Ingkang saya adamêl gawoking akathah, dene sadaya wau lajêng ical sami sanalika. Kesawa mêdal saking sitinggil, amurugi ratanipun ingkang pinulas pêthak. Drêtarastra tut wuntat, sarwi angrêrapu kalayan sakalangkung prihatos, tansah sêsambat anggènipun botên sagêd anata putranipun. [putrani...]

--- 5 : 219 ---

[...pun.] Wangsulanipun Sri Krêsna dhatêng sang prabu punapadene dhatêng para senapati lajêng kacêkak kemawon: jêngandika sampun anyipati piyambak kados kawontênaning lêlampahan ing pakêmpalanipun bôngsa Kuru, kados punapa piawonipun Duryudana, ngantos kados tiyang ngulandara ingkang botên angsal panggulawênthah, dene anilar pasamuwan kalihan tanpa tata krama.---Ngantos kadospunapa pangarih-arihipun sang prabu babar pisan botên kapaèlu:---pramila kula nyuwun pamit dhatêng jêngandika sadaya, kaparênga lajêng badhe wangsul pinanggih Yudhisthira.Sasampunipun pamitan ingkang damêl girising kathah wau, Sri Krêsna manthuk lajêng minggah ing ratanipun, rata lumampah kampir ing padalêmanipun Widura, nêdya pamit Dèwi Kunthi, ingkang dahat mangajab inggala prang. Sarêng lampahing rata sampun sawêtawis têbih Sri Krêsna lajêng manguwuh dhatêng Karna kaajak nunggil sarata. Lêstantun lampahing rata anilar bôngsa Kuru ingkang sawêg sami prihatos. Pangangkahipun anggènipun badhe angrukunakên sampun têtela botên sagêd kasêmbadan. Samangke sampun tamtu kalampahan badhe yudabrata.[§87-163].

Sapêngkêripun Sri Krêsna, Sang Bisma punapadene Drona, angarih-arih dhatêng Duryudana supados rukun kalihan Pandhawa.

--- 5 : 220 ---

Sakalihanipun anêmtokakên manawi Pandhawa badhe sêtyatuhu dhatêng Duryudana, ewadene mêksa botên keguh. Kadospunapa gênging prihatosipun, dene sariranipun, --- Bisma tuwin Drona---kapêksa prang amêngsah Pandhawa, ing môngka saking andikanipun Drona piyambak, sihipun dhatêng Arjuna angungkuli putranipun piyambak. Lêrês sariranipun sampun sami sêpuh, ingkang tamtu badhe tumuntên sawarga, ananging Duryudana, ingkang sawêg anêdhêng taruna, dene ambêkta mitra-mitranipun, kaprabonipun tuwin gêsangipun dhatêng bêbaya agêng. (§137-138)

Kalamôngsa wontên tiyang pitakèn, kadospundi dene Sang Bisma botên ambiyantu Pandhawa, sarta anglabêti tiyang ingkang sinihan ing para dewa. Môngka kadospunapa bêktinipun Sang Bisma dhatêng Sri Krêsna, dene ngantos kadugi anjêmparing panjênênganipun. Punapamalih Sang Bisma ingkang sugêngipun kangge amujudakên darma, adil, tuwin sêtya, kalampahan mêmêngsahan kalihan Sri Krêsna, jiwaning sadaya dumados, ingkang ambiyantu Pandhawa. Punapa botên sampun têtela, manawi Sang Bisma panjanmaning darma, ingkang ujwalanipun saya anêlahi sarêng dumugi lêlampahan ingkang wêkasan punika. Makatên [Makatê...]

--- 5 : 221 ---

[...n] ugi Maharsi Drona, panjênênganipun ingkang amarah dhatêng Sang Arjuna, ingkang sihipun sampun tanpa timbang ing dunya, kadospundi têka kadugi amêngsah kalihan katrêsnanipun wau. Kawuningana sagunging cobi ingkang dhumawah ing sawanci-wanci sanadyan awujud sangsara punapa pêpêjah, punika botên parlu karaosakên, nanging kawajiban kêdah karampungakên, ing atasipun satriya. Miturut anggêr-anggêring gêsang, ingkang pêrlu piyambak punika prang anglabêti ratu tuwin praja wutah rahipun. Badan ingkang rinasuk dening Bisma tuwin Drona, punika têtela sampun kapotangan dening Drêtarastra saha para putranipun. Kêkalihipun kawulanipun, nayakanipun, tuwin têtarosanipun. Sadangunipun taksih sami sugêng kêdah anambut karya rumêksa, tuwin kêdah prang, botên kenging maèlu papa sangsaranipun. Nadyan risak panggalihipun tuwin sugêngipun, Sang Bisma punapadene Sang Drona, botên badhe sumimpang saking kawajibanipun. Sariranipun Bisma tuwin Drona, sampun kapotangan, mila inggih sariranipun ingkang kêdah kasaurakên. Sihipun, pangajêng-ajêngipun, sarta bêktinipun lêstantun dhatêng Sri Krêsna, dalah para mitranipun. Ananging kêkiyataning sariranipun, karosaning astanipun punika kaangge

--- 5 : 222 ---

lumawan prang, sarta kalimpatanipun tuwin pangwasa anggènipun anênuntun, punika kapasrahakên wontên sangandhaping padanipun narendra ingkang sampun dipun suwitani. Kêkalihipun wau ingkang rinungkêban amung kautamèn, mila sarêng sampun têtela badhe prang, kêkalihipun wau amung badhe prang angurêbi panggenan ing pundi karma anggènipun andèkèkakên sariranipun, mila kalampahan ing lair prang mêngsah Kesawa ingkang sangêt dipun trêsnani. Pangajêng- ajêngipun, salêbêting bôndayuda sagêda kataman jêmparingipun, sarta sagêda kataton ingkang jalaraning tatu wau saking sih.

Kadospundi kawontênanipun Sri Krêsna kalihan Sang Karna ingkang nunggil sarata, sarêng sampun sawatawis dangu lampahipun, punika sakalangkung anèh, amargi wiwitipun ingkang sami karêmbag punika lêlampahan sampun kapêngkêr dangu.

Jêngandika punapa taksih èngêt, kadospundi Rêsi Druwasa anggènipun amêjang dhatêng Dèwi Kunthi, inggih punika môntra pangirupanipun salah satunggaling dewa, supados aparing putra. Botên watawis dangu saking anggènipun kawêjang, inggih punika sadèrèngipun dhaub kalihan Prabu Pandhu, amargi sampun limrah kados manahaning pawèstri, sêngsêm anyumêrêpi sadhengah [sa...]

--- 5 : 223 ---

[...dhengah] ingkang katêmbèn, saha kirang pangatos-atos, Dèwi Kunthi nêdya anandukakên pangwasanipun, môntra kawatêk sarwi anyêbut asmanipun dewaning srêngenge. Sarêng Bathara Surya katingal, Dèwi Kunthi sakalangkung maras ing galih, Bathara Surya katundhung sarta sampun paring putra. Kunthi rumaos anggènipun kapilarèn, mila nyuwun pangaksama. Ananging dewaning srêngenge katangsulan dening pangwasaning môntra, mila Dèwi Kunthi lajêng anglairakên putra sakalangkung bagus, sarta katingal santosa, saha sampun angrasuk kotang kodrating dewa. Awit saking dhawuhipun Bathara Surya, lare katilar, wêkasan dipun panggih dening Rada, semahipun kusir Adirata, ingkang sangêt trêsnanipun saha dipun gêmatèni ngantos diwasa, inggih punika Karna. (Adiparwa § 302-308) Sri Krêsna angèngêtakên, bilih ibunipun Karna ingkang sayêktos punika Dèwi Kunthi, dados sudarmanipun ing lair punika Pandhu, mila Kesawa cariyos manawi Sang Karna têtela kadangipun Pandhawa ingkang sêpuh piyambak, awit saking punika Karna nêdya kaajak dhatêng Pandhawa. Sri Krêsna badhe nyariyosakên lêlampahan wau dhatêng Pandhawa, tamtu para Pandhawa lajêng anyungkêmi padanipun kadi sumêmbah ing ratu, sarta tamtu lajêng kajumênêngakên nata. Punapadene para

--- 5 : 224 ---

Pandhawa sawadyabala, sarta sariranipun, badhe ambiyantu dhatêng Sang Karna, mila tamtu badhe sagêd mangrèh bawana tanpa tandhing, sarta nampèni bêktining para kadangipun nèm. Wangsulanipun Karna alus nanging cêtha, sariranipun sampun suminggah saking kaprabon, tuwin anêtah punapa sababipun Kunthi sampun ambucal piyambakipun, ingkang lêrêsipun dados putranipun Pandhu pambajêng. Karna sampun botên kadugi anyambêt talining pasadhèrèkan ingkang sampun kapêdhot dening Kunthi, Karna lair batos sampun narimah, dados sutanipun Adirata tuwin Rada, inggih punika tiyang ingkang angopèni sariranipun wiwit alit, anênuntun sarêng sampun nêdhêng nèm-nèman, punapadene amulang muruk kadosdene guru. Garwanipun saking pamilihipun Adirata, ingkang samangke sampun apêputra tuwin wayah, dados sariranipun sampun katangsulan dening tali kulawarga tuwin bôngsa sih tuwin sêtya. Makatên ugi dhatêng Duryudana, ingkang sampun angganjar kaprabon, dados sampun katangsulan ing bênang panuwun. Samangke Duryudana kamanah pinuju kasusahan amargi amangun prang, môngka piyambakipun piniji aprang tandhing kalihan Arjuna. Mila ingkang prayogi piyambak prakawis punika sampun ngantos kawêdhar, mindhak [mi...]

--- 5 : 225 ---

[...ndhak] para Pandhawa botên purun prang kalihan piyambakipun, saha botên purun jumênêng nata. Môngka manawi piyambakipun nampèni nagari, botên wande inggih badhe kaaturakên dhatêng Duryudana.

Yudhisthira sampun sayogi jumênêng nata, sarta sampun wênang amêngku nagari. Têgal paprangan punika amung badhe dados papan panggenan sêsaji, dene sajènipun para senapati, para ulu-uluning agami, utawi para prajurit, dene jêmparing minôngka pirantosing sêsaji. Sariranipun piyambak tamtu badhe sirna dening Pandhawa, Duryudana sarta Dusasana badhe kasoran dening Bima. Karna anglairakên piduwunging panggalih anggènipun sampun nate angungêli awon dhatêng Pandhawa, ananging lajêng katutup dening pamujinipun, mugi-mugi wadyabala agêng bôngsa satriya sami lena wontên paprangan ing têgal ingkang sukci piyambak ing atasing tri bawana, inggih punika ing Têgal Kurusetra. O: Kesawa, kang paningalipun kadi sêkar tunjung, ing ngriku punika wontên pangwasa paduka, mugi paduka angayomi, murih bôngsa satriya, kawasa tampi kamulyaning swarga, dhuh pêpêthinganing bôngsa Wrêsni. Wangsulanipun Sri Krêsna kalayan têmbung arum, mratelakakên bilih prang agêng punika

--- 5 : 226 ---

minôngka wêkasaning jaman Krita, Treta tuwin Dwaparayoga, lajêng mêling dhatêng Karna supados cariyos dhatêng Bisma, Drona, Krêpa, manawi pitung dintên malih badhe wulan purnama, punika ingkang prayogi tuwin migunani, kangge wiwitaning prang, murih para prajurit ingkang pêjah wontên ing paprangan, sagêd anginggahi alam kang mulya. Amargi putusaning para dewa wêkdal sami arêrêmbagan, para bôngsa satriya badhe sami kasingkirakên saking ing dunya, manawi sampun angancik wiwitaning jaman Kaliyuga. Nalika Karna asung urmat dhatêng Kesawa, pamit badhe pêpisahan, sarwi nyariyosakên sawangan ing dalêm gaib, manawi Pandhawa ingkang badhe unggul, wadyanipun Duryudana ingkang botên pêjah amung Aswatama, Krêpa, tuwin Kartamarma. Sasampunipun cariyos makatên, Karna lajêng tumolèh malih anglairakên panglinggamurdanipun dhatêng Sri Krêsna. Dhuh Krêsna, bilih kula tuwin paduka sami botên sirna ing paprangan, ingkang dados panglêburanipun para senapatining bôngsa Arya, mugi kula sagêda pinanggih malih kalihan paduka wontên ing ngriki. O: prajurit linangkung, botên makatên, tamtu kula badhe pêpanggihan ing kaswargan, dhuh: kang tan kalepetan ing dosa, sampum sampun. cêtha pamawas kula, bilih amung sagêd pêpanggihan [pêpanggih...]

--- 5 : 227 ---

[...an] ing kaswargan. Sasampunipun Karna wicantên makatên, Karna kalihan Krêsna lajêng sami asêsalaman, Karna mandhap saking ratanipun Krêsna, nuntên nitih ratanipun piyambak, ingkang sinêkar ing jêne pinatik ing sêsotya nawarêtna, wangsul kalihan anawung duhkita, dene Krêsna lêstantun lampahipun dhatêng Pandhawa. Inggih punika wêkasanipun Karna pêpanggihan kalihan Krêsna, sadèrèngipun ajêng- ajêngan wontên ing Têgal Kurusetra. (139-142)

Taksih wontên saprakawis ingkang anrênyuhakên panggalihipun Karna malih, inggih punika pinanggihipun kalihan kang ibu. Kunthi manggihi sarta lajêng dhawuh manawi haking kasatriyanipun kêdah tumut dhatêng Pandhawa ambiyantu Arjuna, kadosdene Krêsna tuwin Balarama. Pangasih-asihipun Dèwi Kunthi wau kabiyantu suwantên saking srêngenge, ujaring swara: pitutur kang kaucapake dening Prita, iku têmên, hèh Karna, anglakonana sapakone ibunira. Dhuh: bêbanthènging jagad, yèn sira mituhu, sira bakal mulya. Ewadene Karna botên keguh, amargi Karna sampun santosa kasêtyanipun dhatêng kajatèn, mila sampun saèstu botên badhe anilar mitranipun ing nalika wontên salêbêting pakèwêd. Samangke sampun kawêngan ing môngsakala ingkang prayogi anggènipun badhe [ba...]

--- 5 : 228 ---

[...dhe] misungsungakên kasaktènipun dhatêng Drêtarastra, minôngka wêwangsulaning kasaenanipun: kula badhe anambut karya kangge parlunipun Duryudana, ngantos botên manah dhatêng gêsang kula piyambak. Manawi tiyang jirih amargi manahipun tansah sumêlang, sasampunipun dipun upakara sae sarta kamulyakakên dening bandaranipun, kasaenan ingkang sampun katampi punika botên pratitis anggènipun milih môngsakala pamalêsipun, ingkang makatên kawula ingkang botên sêtya dhatêng panjênêngan nata, punika durjana ingkang nyidra sihing gusthinipun, dados ing ngriki tuwin ing dêlahanipun ugi botên angladosi. Ewadene Karna ugi prajanji, manawi têmbe ing palagan agêng ingkang badhe kalampahan, Karna botên pisan-pisan badhe anyirnakakên Yudhisthira, Bima, tuwin Nangkula sarta Sahadewa, amung badhe mêngsah Arjuna, ngantos sirna salah satunggal, punapa sariranipun punapa Arjuna ingkang kasambut ing adilaga. (§ 143 -145)

Sadumuginipun ing pakuwonipun para Pandhawa ing Upalawiya, Sri Krêsna nyariyosakên kawontênaning lêlampahan. Ingkang minôngka tutuping cariyosipun, paring priksa manawi narendra ingkang saabipraya kalayan Kurawa sampun sami

--- 5 : 229 ---

pangkat dhatêng Kurusetra, dados sampun botên sêdya sanèsipun kajawi badhe prang. (§ 146-149)

Ing ngriku lajêng sami têtarosan, sintên ingkang minôngka têtindhihipun sagung wadyabala. Dene ingkang pinilih punapa Drupada, Wiratha, Drêstajumna, Srikandhi, Satyaki, Cêkitana tuwin Bima, punika salah satungal. Satunggal-tunggaling narendra gêntos-gêntos anglairakên pamanggihipun, putusanipun kapasrahakên Sri Krêsna. Saèstunipun ingkang katêtêpakên dados senapati Drêstajumna, inggih punika ingkang kamiyosakên saking latuning sêsaji, awit amung punika ingkang pinarêngakên anyirnakakên Drona. Sasampating pamilih wadyabala kaangkatakên, sadumugining Tegal Kuru lajêng angêdêgakên pakuwon, senapatinipun Kurawa Sang Bisma. Karna têtêp ing prasêtyanipun, botên badhe lumawan prang sadèrèngipun Bisma palastra. (150-198) ingkang môngka wasananing Ujogaparwa, tambur katabuh, slomprèt kaungêlakên, kabarung dening gathiking dêdamêl.

Ing mangke aningali Bismaparwa, ing ngriku anyariyosakên prangipun Bisma salêbêtipun sadasa dintên, sarta angêmot Bagawatgita ingkang botên sagêd sirna sarta botên ewah gingsir punika.

--- 5 : 230 ---

Sang Wiyasa ngatingali dhatêng Prabu Drêtarastra, andhawahakên manawi sang prabu badhe pinaringan pangwasa sagêd nyumêrapi sawanganing batos, murih sagêd priksa dhatêng kawontênaning paprangan. Ananging sang prabu giris manawi aningali pêpêjah, mila Maharsi Wiyasa paring netra kawicaksanan dhatêng Sanjaya, supados sagêd ngaturakên kawontênaning paprangan dhatêng sang prabu. Sanadyan lêlampahanipun ing wanci dalu utawi siyang, punapadene sadhengah ingkang sami cinipta, sami kasumêrêpan sadaya. Kadospundi wêkasaning paprangan? Saking pangandikanipun risang maharêsi, kamênangan ginantungake marang kang adil tindake (§1-2) Punika sampun samêsthinipun, amargi kadospunapa awonipun bilih tiningalan. Manawi ingkang sêtyatuhu sarta ingkang watakipun adil, wêkasanipun manggih asor. Sanadyan kaot sapêrtigan kathah wadyaning mêngsahipun, ewadene ingkang pantês manggih unggul inggih Pandhawa. Miturut pangandikanipun Hyang Brahma, ingkang kawêdhar wontên ing paprangan sanès panggenan, samangke lajêng dipun ambali dening Arjuna, sarêng wadya Kurawa sampun ajêng-ajêngan kalihan wadya Pandhawa: sing sapa ngangkah unggul gone prang ing paprangan iki, aja kabangêtên panganggone pangwasa lan aja rudapaksa, mung kudu kang adil, wêlasan,

--- 5 : 231 ---

sarta santosa, pêrange kudu kalayan patitis pamilahe marang adil lan ora adil, nyumurapana êndi kang winasesa ing pêpenginan. Gone prang angêtoga kasêktène, ananging aja kaduk nêpsu, amarga kamênangan ginantungake kang adil ambêke.

Maharsi Naradha ngandika: kamênangan anèng ing ngêndi kang kadunungan Krêsna. Ing wêkdal punika Sri Krêsna dhawuh dhatêng Arjuna supados angidungakên kidung panglinggamurda dhatêng Bathari Durga, panjênênganipun ingkang angganjar kamênangan. Arjuna angidungakên kidung wau, nugrahanipun ingkang sinêmbah, para Pandhawa badhe kinalisakên saking kaasoran, papa tuwin sangsara. Sang bathari ngatingal, lajêng ngandika manawi Arjuna badhe sagêd ngawonakên mêngsahipun, manawi rata papranganipun kinusiran dening Kesawa. (§23-21)(§ 21-23).

Sadèrèngipun paguting yuda, Sri Krêsna ngajêngakên ratanipun lajêng kakèndêlakên ing antawisipun wadya Pandhawa kalihan Kurawa. Arjuna kataman rangu- ranguning panggalih, lajêng andheprok wontên jarambahing rata. Botên amargi saking ajrih, utamiutawi. miris aningali agênging wadyaning mêngsah, ugi botên ajrih pêjah utawi nyumêlangakên têtanggêlaning kasatriyanipun,

--- 5 : 232 ---

têwahing raos makatên wau karantên angèngêti mêmêngsahan sami kadang, mitra ingkang dipun trêsnani wiwit alit dudumugining diwasa, inggih punika Sang Bisma ingkang sihipun dhatêng Pandhawa angungkuli sihing bapa. Punapadene Drona, gurunipun kang sangêt binaktenan. Panggalihipun Arjuna ingkang bakuhipun kadidene waja, mêksa lajêng rêmpu sarêng angèngêti prakawis wau, nuntên matur dhatêng Sri Krêsna: kula botên kadugi prang. Nalika matur makatên Arjuna sarwi ambucal gandhewanipun. Anggènipun anênangi kasudiranipun Arjuna, Sang Kesawa andhawuhakên suraosipun kidunging para dewa, ingkang kawêdharipun sampun gangsalèwu warsa wiwitipun kawêdharakên dening manah katampi ing batos. Piwulang luhur sarta mulya piyambak punika kawarahakên dhatêng sintêna ingkang bêkti dhatêng Pangeran, inggih punika Sêrat Bagawatgita. (§25-42)

Ing ngriku wontên lêlampahan ingkang adamêl kagèting manah, amargi sarêng para prajurit sampun sawega dêdamêl badhe amiwiti prang, Yudhisthira enggal asèlèh dêdamêl sapirantosipun, enggal lumajêng dhatêng pabarisaning mêngsah kalayan astanipun sadhakêp, Arjuna sakalangkung kagèt mancolot saking ratanipun nêdya anututi, punapadene para kadang [ka...]

--- 5 : 233 ---

[...dang] sanèsipun, Sang Kesawa, saha para nata sanès-sanèsipun, sami anututi sarwi manguwuh sora pitakèn punapa pikajêngipun. Sang Kesawa mèsêm sarwi ngandika: kula priksa kadospundi sêdyanipun Yudhisthira. Lajêng kacariyosakên wêkasan para narendra sami kagawokan. Saking pabarisaning mêngsah kapirêng suwantên pangerang-erang, Yudhisthira lêstantun palajêngipun amiyak pabarisaning mêngsah kalayan botên ambêkta dêdamêl. Sarêng dumugi ngayunanipun Sang Bisma lajêng anyungkêmi pada kalayan umatur: dhuh ingkang botên kenging kinawonakên, kula angluhurakên paduka, amargi kula sakadang warga badhe prang kalayan paduka, kaparênga paduka paring pamrayogi ing kula, sarta kula nyuwun pangèstu paduka. Wangsulanipun Sang Bisma, Yudhisthira kasabdakakên badhe manggih unggul, sarta andangu punapa ingkang kasuwun, sarwi ngandika: ingsun katalenan kalawan tali kamulyan lan rajabranane Kurawa, mulane wiwit ingsun kudu prang lan sira, apa ta pangarêp- arêpira. Yudhisthira matur: sintên ingkang sagêd ngawonakên panjênêngan, (Bisma) wontên ing paprangan. Bisma mangsuli: bilih sadangunipun taksih sikêp gandhewa botên wontên tiyang ingkang sagêd nyirnakakên, Bisma ngandika malih: kapriye ta bisane ingsun kalakon sirna,

--- 5 : 234 ---

samêngko durung mangsane ingsun palastra, mula têmbe balia sapisan êngkas. Yudhisthira lajêng nglairakên kalêpatanipun dhatêng Drona, dene kamipurun lumawan gurunipun. Drona ngandika manawi kalampahanipun sirna, bilih mirêng pawartos kirang prayogi, ing ngriku sang maharsi badhe sèlèh dêdamêl, lajêng nêdya kukut sarana yoga. Dhatêng Salya punapadene Krêpa ugi angurmati ingkang lajêng sami anugrahani. Sasampunipun Yudhisthira wangsul dhatêng pabarisanipun malih, ing ngriku sinambut dening para satriya Pandhawa, sarwi surak mawurahan.

Ing ngriku wiwitipun sami prang, Bisma manêmpuh mêngsah, ngantos kathah para satriya agung-agung ingkang kasambut ing adilaga. Sang Utara putra Wiratha ingkang taksih kaênèmên tumut lumawan prang, punika ugi sirna, mila Sang Sweta kadangipun sêpuh murina lajêng manêmpuh dhatêng Bisma, sarêng sampun dangu anggènipun prang tandhing, Sweta pêjah, sirnanipun Sweta ingkang minôngka panutuping prang dintên punika. (§44-48)

Dintên kaping kalihipun para Pandhawa mundur malih dening panêmpuhipun Bisma, mila Arjuna nyuwun palilahipun Kesawa badhe amapak prangipun senapati ingkang linangkung wau. Kadi kêclaping thathit lampahing rata ingkang pangirid kuda pêthak wontên ing têgal [tê...]

--- 5 : 235 ---

[...gal] paprangan, kapapagakên dening Bisma lajêng prang rame ngantos anggêgirisi. Dangu sangêt anggènipun Arjuna abôndayuda kalihan Bisma, nanging botên wontên ingkang kasoran, amung kiwa têngên têmpuhipun para prajurit adamêl kathahing pêpêjah, ngantos Sang Bisma kapêksa mundur, saking anggènipun angayomi wadyabala ingkang kaamuk dening Bima. Ing nalika punika kusiripun Bima pêjah, mila rakitan lajêng ambandhang mêdal saking paprangan.

Sarêng Arjuna sampun rumaos sawatawis sêla, nêdya angayomi Abimanyu, putranipun ingkang sudira ing rananggana saking bêbaya agêng. Sandêring rata mangiwa manêngên, ngantos sêraping surya, malah ngantos dalu Arjuna taksih liwung tandangipun, wasana Kurawa mawut asarsaran saking jêmparingipun Arjuna ingkang gumrujug kadi jawah ing môngsa rêndhêng. Dintên kaping tiga, Kurawa gêntos kabêbujêng mêngsahipun, sarêng Bisma wuninga lajêng mangsah pêpulih, anêmpuh Pandhawa. Dintên punika pakangsal panêmpuhipun, sarêng Pandhawa gêntos kapêksa mundur, Kesawa anyandêrakên ratanipun manêmpuh dhatêng Sang Bisma, dados Arjuna lajêng aprang tandhing lan Bisma malih. Panêmpuhipun Arjuna dhatêng mêngsahipun ingkang dipun trêsnani wau, botên sagêd adamêl kêmbaning [kê...]

--- 5 : 236 ---

[...mbaning] pangamukipun Bisma, amargi Arjuna karoban tandhing, ngantos Kesawa nêdya ambiyantu pangungkihipun Arjuna, amusthi cakranipun, kaputêr sanginggiling mastaka lajêng mandhap saking rata, nêdya marêpêki Bisma, ingkang lajêng katingal bingah sarta mêndhak-mêndhak, ucapipun: agêng sangêt kanugrahan kula wontên ing dunya ngantos dumugining dêlahan, Krêsna!, manawi kula kalampahan palastra saking asta paduka. Nanging Arjuna merang amargi èngêt dhatêng karsanipun Kesawa ing nguni, mila kaaturan mundur. Sri Krêsna rinangkul, sarwi matur manawi piyambakipun sagah badhe angantêp yudanipun. Sang Kesawa enggal angusiri lajêng prang malih ngantos surya sêrap, wadya Kurawa kapalajêng dening jêmparingipun Arjuna. (§48-59) Sabên dintên tansah prang, sarta gêntos-gêntos kasêsêr. Amung pundi ingkang tinêmpuh dening Sang Bisma, Pandhawa karisakan, sadintên-dintênipun Bisma anyirnakakên tiyang sadasa èwu, candranipun kadi urubing wana kabêsmi, pundi ingkang katrajang mawut-mawut. (§60-99)

Dintên ingkang kaping sanga senapati agêng wau taksih angrêrisak mêngsahipun malih, nadyan sampun sawatawis suda tinimbang ingkang sampun kapêngkêr, dados inggih tansah adamêl pitunaning Pandhawa. Amargi sampun wiwit sêrap taksih sami paprangan,

--- 5 : 237 ---

Kesawa sangêt duka dhatêng Arjuna dene botên angantêp prangipun, mila Arjuna lajêng amapagakên Bisma malih nanging satêngah botên tumandang, dados amung mituruti dhawuhipun Sri Krêsna. Sarêng rambahan ingkang kaping kalih, Sri Krêsna kados katuwuhan raos kapengin mênang, anilar mitranipun, mancolot saking rata, amung angasta sambuk kemawon, liwung pangamukipun nêdya ngrabasèng Sang Bisma. Pêpêthinganing senapati wau angucapakên panuwun dene rinakêtan bêbaya agêng. Ucapipun: manawi kaparêng suwawi kasirnakna, amargi kula abdi paduka, dhuh kang botên karêgêdan ing dosa. Sarta Arjuna amambêngi malih kalayan kaèbêkan raos merang, aturipun: dhuh Kesawa, sampun kalajêngakên, lah Krêsna! punapa paduka botên angèngêti dhatêng prasêtya paduka ing nguni, ingkang mratelakakên bilih botên tumut prang, o, Madawa, manawi paduka botên anêtêpi, paduka badhe winastan tukang cidra, prakawis prang punika jêjibahan kula, saèstu kula ingkang badhe mapagakên krodhanipun senapati agêng punika. Kula prasêtya, awit saking kayuwananing dêdamêl kula, katêmênan kula, punapadene pandamêl kula sae, dhuh pangrurahing satru, kula badhe anandukakên sawarnining pandamêl, ingkang sakintên sagêd [sagê...]

--- 5 : 238 ---

[...d] anyirnakakên mêngsah. Madawa, wangsul dhatêng rata malih tuwin Bisma tansah anêsêk majêng, ngantos sêrap, inggih punika sangang dintênipun anggèning sami ayudabrata.

Sontên punika Yudhisthira karuna amargi saking angèngêti kathahing rah kang wutah. Kesawa ngandika bilih badhe anyidrani prasêtyanipun, malah-malah badhe anyirnakakên Bisma, ananging Yudhisthira sangêt sih dhatêng katêmênan, botên jumurung manawi Krêsna angingkêti pangandikanipun piyambak. Punapa Sang Bisma botên sampun anyagahi badhe andhawuhakên kadospundi sarananipun sagêd sirna, manawi kula sadaya lan para kadang purun sami marêk ing panjênênganipun, dados Pandhawa kêdah marêk Sang Bisma nyuwun pamrayogi kadospundi sagêdipun unggul. Minôngka panutuping anggènipun sami lêlimbangan Yudhisthira sakalangkung ngêrês sêsambatipun. Nalika kula dalasan para ari taksih sami alit-alit, sarta lola, dipun agêngakên panjênênganipun. O Janardana, panjênênganipun punika eyang kula ingkang sampun sêpuh sangêt, punapa kula badhe nyedani sudarmaning tiyang sêpuh kula, lah punika awonipun bôngsa satriya.

Kesawa anyondhongi dhatêng pamrayoginipun Yudhisthira

--- 5 : 239 ---

wau, mila sasampunipun Sri Krêsna, punapadene para Pandhawa sami sèlèh sadaya dêdamêlipun, lajêng sami pangkat, manggihi Sang Bisma, nyuwun katrangan kadospundi sagêdipun Pandhawa anyirnakakên panjênênganipun wontên ing paprangan. Manawi kalaras kalihan panampi gagrag samangke, lampahipun para Pandhawa pancèn anglêngkara sangêt. Bisma nampèni para Pandhawa kalayan rênaning panggalih, Yudhisthira matur sami mêmêla, kadospundi kalampahanipun Bisma kasoran tuwin sirna. Wangsulanipun Bisma, Pandhawa tamtu botên sagêd mênang sadangunipun Bisma taksih sugêng, ananging Pandhawa badhe dipun parêngakên lampah kadospunapa ingkang dipun kajêngakên. Sarêng Yudhisthira mratelakakên manawi Pandhawa botên sagêd anyirnakakên panjênênganipun, kalayan ayêm Bisma anggènipun anêdahakên wadosipun bilih badhe adamêl sirnanipun. Amargi sujanma kados Sang Bisma punika amung saprakawis kajêngipun, inggih karsaning Kang Maha Luhur. Môngka Pandhawa punika ugi ngakêni bilih piyambakipun punika saking panjênênganipun wau, dados botên parlu nyumêlangakên sedyanipun. Ing antawisipun para Pandhawa, wontên satunggaling prajurit linangkung, inggih punika Srikandhi. Piyambakipun wau [wa...]

--- 5 : 240 ---

[...u] rumiyinipun pawèstri, môngka Sang Bisma botên kadugi mêngsah pawèstri, mila Srikandhi dipun pêpanasa ngajêngipun, ing ngriku Sang Bisma tamtu lajêng sèlèh gandhewa. Manawi Bisma sampun sèlèh, Arjuna enggal anjêmparinga Sang Bisma saking ing pundi-pundi. Wêkdal Arjuna mirêng dhawuhipun Bisma makatên wau, sangêt prihatos, sarta pasuryanipun pucêt amargi sangêt meranging panggalih. Aturipun: dhuh Madawa, kadospundi ngantosa kula mêngsahan kalihan eyang kula, lêluhur kula ingkang sampun sêpuh, wicaksana, sarta lêpas ing pambudi, sarta panjênênganipun wau sêsêpuhing bôngsa kula. Dhuh Wasudewaputra, nalika kula taksih alit manawi dolanan tansah angrêsahi Sang Bisma sang misuwur ing jagad, punapadene kalayan badan kula ingkang lêbus dening lêbu anggèn kula penekan wontên ing pangkonipun, dhuh kadangipun sêpuh Gada, panjênênganipun wau sudarmanipun bapa kula Prabu Pandhu. Wêkdal kula kapangku, kula anguwuh: o bapak. Panjênênganipun lajêng dhawuh: aku dudu bapakira, nanging bapakne bapakira, têdhak Barata. Punapa kula kadugi anyedani panjênênganipun ingkang makatên pangandikanipun wau, mila sanadyan wadyabala kula sadaya tumpês tampis,tapis. kula kasoran malah ngantos pêjah pisan, tamtu kula botên kadugi prang mêngsah kang mahambêkKata "hambêk" dalam teks asli terdapat pada hlm. 241 jilid 6.