Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 6)

Katalog:Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508
Sambung:
1.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 1). Bahasa dan Budaya | Wayang #270.
2.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 2). Bahasa dan Budaya | Wayang #271.
3.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 3). Bahasa dan Budaya | Wayang #272.
4.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 4). Bahasa dan Budaya | Wayang #273.
5.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 5). Bahasa dan Budaya | Wayang #274.
6.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 6). Bahasa dan Budaya | Wayang #275.
7.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 7). Bahasa dan Budaya | Wayang #276.

--- 6 : 241 ---

Mahabarata Jilid 6

Warahipun paduka Nyonyah Dr. Ani Bèsên

Ingkang dipun ngalamati: Paprangan Agêng

Impunan saking Sêrat Mahabarata têmbung Sansêkrit.

Kajawèkakên dening: Radèn Mas Partawiraya, ing Surakarta

Kaêcap saha kawêdalakên dening: BOEKH. EN DRUKK.,,SWASTIKA" PASARPON - SOLO TELEFOON 430.

MAHA-BHARATA DEEL 6.

sih wau, kadospundi karsa paduka dhuh: Krêsna. Wangsulanipun Janardana ririh nanging cêtha: "sira wus sumanggêm nêdya anyirnakake Sang Bisma, hèh Arjuna, dadi sira dudu satriya yèn wani angingkêti kasanggupanira, iku sarana kang minangkani ungguling prangira. Hèh: Dananjaya, darmaning kasatriyan, iku kudu prang, angayomi wêwêngkone, lan kudu akurban dhiri, kang ora kasurung ing kanêpson." Sarêng pangrantamipun sampun dipun parêngakên dening Sang Bisma, para Pandhawa kalayan Sri Krêsna pamitan wangsul dhatêng pakuwonipun, angêntosi pajaring dintên paprangan ingkang kaping sadasa, inggih punika dintên sêsaji agêng, ingkang sinajèkakên Sang Bisma, dene ingkang minôngka brahmananipun Arjuna. (§100-108)

Ing wanci palêthèking surya, Srikandhi sawadyanipun mirantos badhe ngrabasèng pabarisanipun Sang Bisma, ing ngriku kathah pangerang-erang ingkang murih munduripun, amargi Srikandhi sajatosipun pawèstri. Nanging Srikandhi botên kengguh, èsthinipun amung nêdya anglampahi sapitêdahing senapati. Prangipun Bisma ingkang pungkasan punika angungkuli ingkang sampun-sampun (sakubêngipun sadaya sampun katingal ambaranang kadi ing awang-awang ing nalika surya angajêngakên sêrap), sampun [sampu...]

--- 6 : 242 ---

[...n] botên wontên tiyang ingkang kawawa amapagakên kajawi Arjuna, ingkang ratanipun pangirid kuda pêthak, kadi kuda pangiriding pêjah, punapadene Srikandhi, ingkang Sang Bisma botên karsa anandhingi. Bisma botên pisan-pisan anggalih dhatêng Srikandhi, ingkang kaudanan jêmparing amung Arjuna. Sarêng surya wiwit tumamèng aldaka, Sang Bisma ngandika jroning wardaya, pati ora bisa nêkani yèn ora saka karsaningsun dhewe, pangandikanipun: prayogane saiki dak ngèsthi pati. Wêkdal punika para wasu tuwin para rêsi, ingkang sami aningali ingkang sami abôndayuda, manguwuh dhatêng Sang Bisma: o gèr, ingsun mangayubagya, marang karsanira kang mangkono mau, hèh prajurit linuwih, tumindaka kaya èsthinira, ciptanira pisahna saka paprangan. Samirana ngidid ananduki sang senapati, sarta lajêng jawah sêkar. Dhumawahing jêmparing kadidene jawah, ananging botên wontên ingkang anêdhasi dhatêng Sang Bisma, panjênênganipun botên mobah-mosik, kadi tugu sinukarta. Amung jêmparingipun Arjuna ingkang dipun parêngakên anêdhasi ing sariranipun. Sang Bisma ngandika dhatêng Dusasana sarwi mèsêm: sakèhing panah kang tanpa kêndhat anibani aku kaya gumrujuging banyu, kang panduke kaya panahing dewa, iku kang nêdhasi mung kang kalêpasake dening Arjuna,

--- 6 : 243 ---

senapati kang asikêp gandhewa, (langkaping dewa) iya kang daludake aciri wanara, nadyan para ratu kabèh iku ngumpul dadi siji, ora môntra-môntra bisa lumawan ing aku. Dhumawahing jêmparing taksih tanpa kêndhat, sariranipun Bisma kataton arang kranjang, godhaganing tatu botên wontên kalih nyantun. Surya dèrèng sêrap Bisma sampun dhawah saking ratanipun mujur mangetan, saking kathahing jêmparing ingkang tumancêp ing sariranipun, mila sariranipun sang mahambêg darma botên kambah ing siti, dados kadosdene sumèlèh sanginggiling pasareyan jêmparing ingkang kadêgakên, ing nalika Sang Bisma dhawah, panjênênganipun wuninga bilih surya lumampah ing iring kidul, dewa sami manguwuh: "he he sutaning Gangga, lasing senapati sadunya, pagene anglilahake uripira surya lumaku ing iring kidul," "Sang Bisma amangsuli sora: kula taksih gêsang punapadene taksih sangkêp èngêtan kula." Ing nalika Bisma kadhatêngan utusan maharêsi ingkang amancalawarna paksi Swan (Zwanen) andangu kados ing nginggil wau, Sang Bisma matur: sadangunipun surya taksih lumampah wontên ing iring kidul, "kula botên badhe oncat saking dunya, dene wangsul kula dhatêng padunungan kula lami, bilih surya sampun lumampah ing iring lèr. Awit saking pangwasa paringing sudarma kula

--- 6 : 244 ---

kang misuwur, mila kula kawasa murba misesa ing gêsang kula. Samangke pangwasa wau kula pedahakên, kula nêdya angandhêg gêsang kula, amargi kalampahanipun pêjah, manawi saking kajêng kula piyambak."

Ramening suwantênipun paprangan kèndêl, sadaya tiyang sami nyèlèhakên dêdamêlipun. Surya silêm ing jalanidhi, jagad anangisi rêbahipun sang senapati agung wau. Para narendra ing golongan kêkalihipun sami sèlèh dêdamêl, marêpêki Sang Bisma kalayan anoraga, Sang Bisma angurmati lajêng paring nugraha. Nalika Sang Bisma mundhut kajang sirah, kangge angganjêl sirahipun ingkang andhêngklak mangandhap, lajêng kaaturan kajang sirah ingkang sakalangkung alus, panjênênganipun mèsêm sarwi ngandika: "kawuningana para nata, punika sanès kajang sirahipun para senapati. Sarêng wuninga Arjuna anyêlaki lajêng dhawuh: hèh Dananjaya, prajurit linuwih, sirahingsun andhêngklak, ingsun wènèhana ganjêl kang sira rasa prayoga dak-anggo." Kalayan netra akêmbêng-kêmbêng Arjuna mêndhêt jêmparing tiga, lajêng dipun mantram, nuntên katancêpakên ing sirahipun senapati agêng wau, minôngka panuwak sampun ngantos gumantung. Sang Bisma mèsèm, andikanipun: "dhuh atmajaning Pandhu, sira angsung bantal kang sayogya [sayo...]

--- 6 : 245 ---

[...gya] ingsun anggo, mangkono lungguhe para satriya yèn angèlingi wajibe, turune anèng paprangan kudu lêlèmèk panah." Siti ing panggenan sumèlèhing sariranipun punika kadhawahan angêdhuki. Paprangan kèndêl, Bisma botên karsa dipun usadani, amung mindêng satunggal. Enjingipun, amargi rinubeda dening nguntar-untaring kaninipun, sarta bêntèring sariranipun, Sang Bisma mundhut pangunjukan, nanging sadaya pangunjukan botên katampenan, lajêng animbali Arjuna malih, pangandikanipun: raganingsun ajur dening panahira, samêngko badan sakojur karasa panas bangêt, tutukingsun karasa ngorong, jasad karasa sangsara, ingsun wènèhana banyu, o, Arjuna, sira ora ana kang madhani, hèh prajurit kang linuwih, pasthi sira bisa awèh banyu kang prayoga dak-ombe." Arjuna enggal amênthang gandhewa, ngucap môntra lajêng linêpasakên, jêmparing tumancêp ing siti lajêng dados umbul ingkang toyanipun sakalangkung bêning. Toyaning umbul wau ingkang kaunjukakên Sang Bisma, ing ngriku Bisma mangalêmbana dhatêng Arjuna, animbali Duryudana, kadhawuhan supados sampun kalajêngakên anggènipun mêmêngsahan, amargi sadangunipun Arjuna cêlak kalihan Sri Krêsna, botên wontên ingkang sagêd ngawonakên: wanci iki uga paprangan bubarna, [bu...]

--- 6 : 246 ---

[...barna,] makatên andikanipun Bisma, lajêng kèndêl botên ngandika malih. Sanadyan sariranipun kadi kabêsmi amargi saking kathahing tatu, ewadene sangsaranipun tinungkulakên, sarana ciptanipun angèsthi satunggal. Sarêng sadaya sampun sami kesah, Karna dhatêng, dêrês wêdaling waspa saking paningalipun, lajêng anyungkêmi padanipun Sang Bisma, aturipun: dhuh, dhuh: ulu-uluning bôngsa Kuru, kula sutanipun Rada, ingkang salami-laminipun paduka tingali kalayan pasêmon botên rêna. Sanalika wau Sang Bisma ambuka paningalipun ingkang pêtêng margi saking sangêting gêrahipun, Karna rinangkul lajêng ngandika sêmu sih: "lah sira kang salingga bathara, ora ana manungsa kang satimbang lan sira, mula tansah kasar wêdaling wicaraningsun marang sira mung amrih aja mêmungsuhan batin." Karna pinaringan nugraha, kadi Arjuna, sarta kadhawahan ngêmpal kalihan para kadangipun, inggih punika Sang Pandhuputra kang sudira ing rananggana. Karna lênggana, piyambakipun kêdah prang kalihan Pandhawa ngantos sirna salah satunggal. "Dhuh turasing senapati linuwih, kula nyuwun palilah paduka, botên gadhah sêdya sanèsipun malih, kajawi amung badhe prang. Punapadene mugi paduka paring pangaksama sakathahing wicara kula kang wêngis, tuwistuwin. gangsuling kasusilan kula ing paduka, ingkang amargi saking kanêpson [kanêpso...]

--- 6 : 247 ---

[...n] tuwin kiranging pangatos-atos." Ing ngriku Bisma angèstrèni panyuwunipun Karna: "pêranga kang awit saka karsaning dewa, lêksananana karsaning ratunira, nanging aja anawung rasa nêpsu sarta pangunêk-unêk, kêtokên karosan miwah kêkêndêlanira, mung bae aja sah pangangkahira nêdya tumindak ing dalan kang bênêr." Mêmêngsahanipun ingkang kapêngkêr sampun kalêbur dening sih. Karna lajêng wangsul dhatêng pakuwonipun Duryudana anilar Bisma ingkang angêboti pêpungkasaning sambutanipun sarana sangsaranipun, ingkang bokmanawi kêdah makatên lampahing adilipun. Kalayan sabar angêntosi wanci ingkang kinarsakakên, adamêl kurban agêng warni sangsara wontên ing pasarean.

--- 6 : 248 ---

Bab IX Yudhisthira Dosa

Anggènipun anilar Sang Bisma ingkang ngandhêg sugêngipun, para nata kalayan sangêt karêrantan, lajêng tata-tata badhe anglajêngakên anggènipun sami amangun prang. Sintên ta ingkang gumantos dados senapatining Kurawa, sadaya para prajurit sami mandêng dhatêng ingkang botên tumut abôndayuda salêbêtipun sadasa dalu, sarta lajêng sami ambêngok, Karna, Karna. Sang Karna pancèn tansah mirantos umangsah prang, nanging badhe pamit Sang Bisma rumiyin, ingkang lajêng dhawuh supados amanggudamagut. yuda, sarta Duryudana andangu pamanggihipun, sintên ingkang prayogi sumulih kasenapatènipun Bisma, punapa sariranipun, punapa sanèsipun. Karna atur pamrayogi, supados sang prabu amiliha sujanma ingkang amarah sagung satriya ing atasipun anandukakên sawarnining dêdamêl, murih sadaya lajêng katêtangi kasudiranipun, inggih guru agêng Sang Maharsi Drona. Sadaya para nata sami jumurung mangayubagya, Drona lajêng winiwaha, têtêp dados senapati, amêngku wadyabala sadaya. Wiwit dintên paprangan kaping sawêlas, lêlampahanipun Drona anglênggahi kasenapatèn, kacariyos wontên ing Dronaparwa. Sadèrèngipun [Sadè...]

--- 6 : 249 ---

[...rèngipun] paguting yuda, Drona ngaturakên pamanggihipun ingkang prayogi sangêt, inggih punika manawi Yudhisthira kacêpêng, môngka lajêng dipun pêjahi, kadangipun salah satunggal gêmantos, tamtu nandukakên wêwalês, nanging manawi dipun wangsulakên, para sadhèrèkipun nèm sadaya tamtu kapêksa miturut ingkang sêpuh piyambak, amung lajêng kabucal malih kemawon, kados nalika kawon anggènipun dhadhu. Drona matur: kalampahanipun Yudhisthira kenging kacêpêng, punika manawi Arjuna kasingkirakên. Ananging sarêng Pandhawa mirêng pawartos wau, lajêng sami arêrêmbagan kadospundi sakecanipun. Arjuna prasêtya, bilih Drona mêsthi botên sagêd mikut Yudhisthira, sadangunipun Arjuna taksih gêsang, sanadyan Arjuna piyambak botên sagêd anyirnakakên gurunipun, kalayan sêdya makatên wau anggènipun lajêng sami wiwit abôndayuda. Ing golongan kêkalihipun kathah ingkang katingal kasudiranipun. Sang Abimanyu (Sumbadraputra) ingkang misuwur, taksih kaênèmên sangêt bilih tandhing prang kalayan Jayadrata, tuwin Salya. Punapadene Gathutkaca, raksasa putranipun Bima, kêkêndêlanipun anggêgirisi. Senapati Sang Drona, ingkang ratanipun apangirit kuda janjam jêne, tandangipun adamêl miris, nêdya amikut [a...]

--- 6 : 250 ---

[...mikut] Yudhisthira. Pundi ingkang angalang-alangi kasirnakakên, kalampahan sagêd ajêng-ajêngan kalihan Yudhisthira. Sarêng Kurawa andugi manawi Yudhisthira kacêpêng, surak mawurahan kadi manêngkêr wiyati. Ananging Arjuna ingkang ratanipun kinusiran dening Kesawa, atêtulung ayuda, suwantêning rodha gumalêgêr kadi galudhug, pabarisan Kurawa mawut asarsaran dening pangamukipun Arjuna, nanging lajêng kasaput sêraping surya. (§ 1-16)

Ing sontên wau wontên satriya nênêm sami sadhèrèk, prajanji kalihan Prabu Susarman, ratuning bôngsa Trigata, sami prasêtya badhe prang tandhing kalihan Arjuna ngantos sirna salah satunggal. Sarêng sampun rampung pangrêmbagipun, Arjuna katantang, amargi Arjuna tinangsulan dening prasêtyanipun bilih botên badhe mundur sabên katantang, mila lajêng pamit kang raka. Kalilan pangkat, amung Sêtyajit supados katilar anjagi sariranipun. Arjuna kadhawuhan pangkat mapagakên wadyanipun Samstaka ingkang sampun prasêtya kalayan para sadhèrèkipun badhe amapagakên Arjuna ngantos sirna salah satunggal, mila lajêng sami bidhal dhatêng panggenan ingkang sampun katamtokakên. Salêbêtipun Arjuna kinêmbulan dening mêngsahipun, Drona nêmpuh barisipun Yudhisthira, lajêng prang rame ulêng-ulêngan wor suh mungsuh lawan [la...]

--- 6 : 251 ---

[...wan] rowang, dangu-dangu wadya ingkang ngurung-urung Yudhisthira pêdhot gandhenganipun, Yudhisthira angoncati gurunipun, ing ngriku Bima têtulung ing ayuda. Sanadyan kadospunapa anggènipun angêtog kêkiyatanipun, ananging mêksa botên kawawa anadhahi barisan dipangga ingkang angrisak manungsa, turôngga, tuwin rata, wêkasan wadya Pandhawa mundur. Arjuna ingkang kinalang-kalang dening mêngsah, panggalihipun kados kabêlah kalih, pundi ingkang kêdah kasirnakakên rumiyin, wasana golong kêdah amêjahi ingkang manantang wau, mila lajêng angantêp prangipun. Sarêng sampun sirna enggal wangsul nêmpuh barisanipun Drona. Arjuna kapapag dipangga ingkang tinitihan dening Bagadata, lajêng campuh prang, nanging rata ingkang kinusiran Kesawa katalèyèk dening sandêring dipangga. Bagadata nêdya ngrumiyini Arjuna anggènipun nêdya nêmpuh panganjuring baris. Bagadata mênthang langkapipun anglêpasi Arjuna, nanging Kesawa lajêng mancolot dhatêng ngajênging mitranipun, jêmparing kenging pranajanipun Krêsna lajêng anggubêt kadi uncèn-uncèn sêkar. Arjuna kagèt lajêng matur dhatêng Sri Krêsna sêmu botên rêna, bilih Krêsna sabên-sabên makatên, punika atêgês nyênyamah.

Sri Krêsna mangsuli kalayan mèsêm, manawi dêdamêl punika pusakaning [pu...]

--- 6 : 252 ---

[...sakaning] bôngsa Wrêsni, cabaripun amung kalihan sariranipun, amargi punika dêdamêlipun Narayana. Ing nguni jêmparing punika tumurunipun dhatêng marcapada, kaganjarakên dhatêng putranipun, wêkasan tumurun dhatêng Bagadata. Salêbêtipun Bagadata anggadhuh jêmparing punika, Bagadata botên sagêd kasoran, samangke jêmparing sampun wontên ing astanipun Krêsna, dados Arjuna sampun sagêd anyirnakakên Bagadata dalasan dipangga titihanipun. Sarêng sampun wanci sontên, inggih punika wasananipun dintên paprangan ingkang kaping kalih wêlas, Pandhawa unggul anggènipun prang, dene Drona dèrèng sagêd anêtêpi sêsanggêmanipun anggènipun sagah mikut Sang Yudhisthira. (§ 17-32)

Dintênipun ingkang kaping tiga wêlas wangsulipun Bathara Warsas dhatêng kaswargan, dèwa wau ingkang manjanma dados Sang Abimanyu putranipun Arjuna, ingkang mijil saking Sumbadra kadangipun Sri Krêsna. Prajurit linangkung wau, dintên punika misuwur kasudiranipun, dene sawêg yuswa nêmbêlas taun sampun kadugi angêdali prang agêng tandhing kalayan para senapati agung-agung, sarta pundi ingkang tinêmpuh sami dhadhal datan mônggapulih. Arjuna katantang prang misah saking barisan agêng malih. Saking dhawuhipun Yudhisthira Abimanyu kêdah anindhihi wadyabala mapagakên pamukipun [pamuki...]

--- 6 : 253 ---

[...pun] Drona, ingkang arakit gêlar cakra byuha. Risaking gêlar wau amung dening Arjuna, Kesawa, Prajumna, (manawi ing tanah Jawi: Drêstajumna), tuwin Abimanyu, sadaya para satriya kêdah wontên ing wingkingipun Abimanyu. Kadospunapa bingahing manahipun Abimanyu sarêng tampi dhawuh makatên wau, sumêngah kadi kang rama, tuwin kadangipun kang ibu. Abimanyu anyanggêmi badhe angrisak mêngsah awit saking asmanipun Sri Krêsna miwah para Pandhawa, lajêng dhawuh dhatêng kusir supados rata kaajêngakên dhatêng barisaning mêngsah. Kadidene sima ingkang nêdhêng tumambirang nêmpuh pabarisan dipangga. Saking bantêring panêmpuh tataning gêlar cakra bibrah, lajêng aprang kalayan Drona, Aswatama, Kripa, Karna tuwin sanès-sanèsipun. Duryudana ugi lajêng atêtulung, Dusasana kataton dening Abimanyu, ngantos kapêksa kasingkirakên saking pabarisan. Kadangipun Karna sirna, Karna piyambak ugi kasêsêr. Jayadrata narendraning bôngsa Sindu, sarêng priksa Kurawa karisakan, lajêng atêtulung, ewadene dèrèng wontên ingkang kuwawi mapagakên tandangipun Abimanyu. Duryudana nêmpuh malih ugi kapalajêng. Laksmana putranipun Duryudana sirna, nalika nêdya amrawasa prajurit nem-neman, ingkang ajêngipun botên kenging pinambêngan. Abimanyu kinroyok [kinro...]

--- 6 : 254 ---

[...yok] dening prajurit agêng-agêng nêm: Drona, Aswatama, Kripa, Karna, Kartawarma, tuwin Wrahatbala. Dene Jayadrata mêdhot barisaning wadyanipun Abimanyu, nêmpuh barisaning Yudhisthira. Abimanyu botên gidhuh pinarbutan ing kathah, ngantos Karna tuwin Drona ngangkah anjêmparing langkapipun Abimanyu. Kartawarma amêjahi kapal rakitanipun, Kripa amêjahi kusiripun, dados Abimanyu sampun risak rata tuwin langkapipun, mila lajêng asikêp pêdhang angiwa tamèng. Ananging tamèng saha pêdhangipun ugi lajêng risak, enggal anjêbol rodhaning ratanipun, kaputêr sanginggiling sirah nêdya kapupuhakên Drona. Ing nalika wau rodha ugi lajêng ajur dening jêmparingipun para prawira. Abimanyu musthi gada, ambujêng Aswatama, sarta sagêd amêjahi kapalipun Dusasanaputra, inggih punika wêkas-wêkasaning kasudiranipun Abimanyu. Dusasanaputra tandhing kalihan Abimanyu, lajêng ambruk sarêng. Nanging tanginipun malih rumiyin Dusasanaputra, mila enggal anggada sirahipun Abimanyu, lajêng angoncati. (§ 33-49)

Paprangan kèndêl, amargi kasuwuk dening sirnanipun Abimanyu, Yudhisthira sakalangkung rudah ing galih, dene sariranipun ingkang dhawuh mapagakên mêngsah, wêkasan botên sagêd amitulungi

--- 6 : 255 ---

prangipun Abimanyu nalika kinroyok dening para têtungguling prajurit. Kadospundi anggènipun sagêd cariyos dhatêng Arjuna, dene anakipun ingkang sangêt dipun trêsnani sampun sirna botên wontên ingkang angrêbat. Maharsi Wiyasa rawuh lajêng angarih-arih dhatêng Yudhisthira ingkang sawêk karêrantan. Sang Wiyasa ngandikakakên sabab-sababipun mila Abimanyu pêjah, sarta para nata ingkang sami sirna dening karsaning dewa, sarta dhawuh manawi para wicaksana tamtu botên amrihatosakên tiyang pêjah. Pangandikanipun: "yèn wong urip kudu kaanggêp kabungahan, nanging wong mati iku bêgja lan mulya." Sasampunipun ngandika makatên Sang Wiyasa lajêng musna. Yudhisthira sawatawis lipur, nanging mêksa taksih kraos pakèwêt, panglocitanipun, kadospundi anggènipun badhe ngandika dhatêng Sang Dananjaya. (§ 50-71)

Sawangsulipun Arjuna saking paprangan panggalihipun karaos sangêt botên sakeca, mila matur dhatêng Sri Krêsna supados andhawuhakên darunaning raos sêdhih ingkang nangsaya ing manahipun. Ing pakuwon katingal tidhêm, mila saya sangêt sumêlangipun, dados lampahipun karikatakên. Kados punapa kagètipun Arjuna, sarêng aningali kang raka lênggah botên ngandika [nga...]

--- 6 : 256 ---

[...ndika] sarta Abimanyu botên katingalan wontên ing ngriku. Sami sanalika batosipun Arjuna sampun priksa kadospundi kawontênaning lêlampahan, mila lajêng pitakèn dene Abimanyu botên katingalan: kajaba Abimanyu apa ora ana kang bisa angrusak gêlar cakra, môngka aku ora marah ing dhèwèke, kapriye undure manèh sawuse manêmpuh. Apa wong Pandhawa ngatag Abimanyu anglêboni gêlar? Ananging bapa wau botên pêrlu dipun wangsuli, amung lajêng anangisi pêjahing anakipun, sambatipun: mêsthi Abimanyu nalika kinêmbulan dening Drona, Karna lan Krêpa ora anggagas, apa wong tuwaku ora angêntas aku saka têngahing bêbaya iki. Apa wong Pandhawa utawa wong Pancala ora angayomi bocah cilik iku, apa gêgamane iku mung kanggo pasrèn bae. Wong mau banjur kapriye polahe barêng wêruh Abimanyu mati. Kajawi Krêsna kalayan Yudhisthira botên wontên ingkang purun mangsuli, amargi amung kêkalihipun wau ingkang sabên- sabên tinurut dening Arjuna. Yudhisthira ngandika kadospundi sarêng Abimanyu kadhawahan ngrisak gêlar cakra, kadospundi panêmpuhipun Abimanyu, sarta kadospundi anggènipun sagêd angayomi, nanging kapêksa kanggêg [kanggê...]

--- 6 : 257 ---

[...g] amargi saking cinêgatan dening Jayadrata. Ing nalika wau Arjuna ambêngok: aku prasêtya, dina sesuk Jayadrata dak patèni, yèn dina sesuk, wanci surup srêngenge durung mati, aku mati lumêbu ing gêni murub. Sarêng Jayadrata mirêng pawartos prasêtyanipun Arjuna makatên wau, saking sangêting ajrihipun, gadhah pangangkah badhe oncat saking pabarisan nêdya sêsingidan, nanging botên saèstu amargi dipun sagahi badhe sami jinagi dening têtindhihing para wira. Drona ngandika minôngka wangsulan dhatêng pitakènipun Jayadrata, ingkang amêksa-mêksa nyuwun kajawab. Sanadyan Jayadrata tuwin Arjuna ugi sami nampèni piwulangipun, ananging Arjuna ngungkuli piyambakipun, amargi Arjuna manggulang panunggal sarta kapêksa nglampahi sangsara, ananging ingsun mêsthi angayomi sira, apadene angaling- alingi sira, nganti Arjuna ora kawawa miyak. (§72-74)

Ing wêkdal punika Sri Krêsna sangêt anêtah dhatêng Arjuna, dene kasêsa anglairakên prasêtya botên têtarosan rumiyin dhatêng sariranipun. Amargi saking punika para agul-aguling satriya Kurawa nênêm lajêng anjagi Jayadrata kadèkèk ing têngahing pabarisanipun para pinilih, ingkang tamtu botên kenging piniyak. Ananging Sri Krêsna lajêng amêlêng cipta, kadospundi [kado...]

--- 6 : 258 ---

[...spundi] anggènipun sagêd angêntas Arjuna saking kasangsaran. Sri Krêsna dhawuh supados Arjuna dintên benjing enjing ngangge rata sarta dêdamêlipun Sri Krêsna. Kacariyos Kesawa ngatingali dhatêng Arjuna wontên ing dalêm jaman pasupênan, sawêdalipun saking badanipun wadhag, Arjuna lajêng kaajak dhatêng Kaliyasa, sowan ing Bathara Mahadewa, ingkang cahyanipun sumunar ambalêrêngi. Sri Krêsna kalihan Arjuna lajêng sami mangkurêb ing ngayunanipun. Arjuna pinaringan dêdamêl ingkang angungkuli sadaya dêdamêlipun, kadhawuhan musthi ing dintên enjingipun. Sasampunipun lajêng sami wangsul kalihan suka sokur amargi tamtu badhe manggih unggul. (§ 75-82)

Enjingipun, dintên paprangan kaping kawanwêlas, Arjuna nilar Yudhisthira, ingkang kapatah rumêksa Sang Sêtyaki, wigatos badhe angupaya Jayadrata, anêtêpi prasêtyanipun. Sakawit kêdah ngrabasèng barisan dipangga, sasampunipun risak lajêng nêmpuh Sang Drona. Sasampunipun sumêmbah ing gurunipun, Arjuna lajêng manrajang amargi Drona pangayomanipun Jayadrata. Sanadyan kadospunapa anggènipun angêtog kaprawiranipun, ewadene Arjuna botên sagêd angundurakên, mila lajêng kapêksa anilar Drona nêmpuh barisan sanèsipun, kaêtut [kaêtu...]

--- 6 : 259 ---

[...t] wuntat dening Krêsna, sarta kaayoman sampun ngantos kaprajaya dening mêngsah. Ing nalika Srutayuda tuwin Sang AmirutayusaAmirutayuda. anêmpuh Arjuna, suwaunipun Arjuna kasabêt garaning daludag ngantos kalêngêr, nanging lajêng èngêt malih, nêmpuh mêngsahipun ngantos sami lumajêng. Arjuna mandhap saking rata, awit kuda pangiridipun kataton, lajêng ngamuk dharat. Dene Kesawa angguyang kuda ingkang kataton wau, kadi botên wontên ing antawising mêngsahipun. Dupi kapalipun sampun waluya, Arjuna numpak rata malih angrabasèng mêngsahipun, nadyan Duryudana ingkang angrêgêm dêdamêl sarwi matêk môntra warahipun Drona, kalampahan datan busik kataman saliring dêdamêl, ewadene kapêksa oncat. Salêbêtipun Arjuna riwut pangamukipun, Drona amikud Yudhisthira, kabêkta lumajêng. Kang sudira Sang Satyaki wêkdal punika anglampahi dhawuhipun Yudhisthira supados amêmanuki prangipun Arjuna, sarêng priksa Yudhisthira tinawan dening Drona lajêng anututi. Pangangkahipun kasêmbadan, amargi sagêd angrisak barisanipun Drona, sarta amêjahi kusiripun, mila kapal pangiriting rata ambandhang sakajêng-kajêngipun piyambak, punapadene Bima katingal kêkêndêlanipun ngantos adamêl mirising akathah. Drona ratanipun [ratanipu...]

--- 6 : 260 ---

[...n] ginada rêmuk, nanging Drona mancolot saking rata, punapadene Karna sami kapêksa angunduri. Sawangsulipun Drona tuwin Karna lajêng wiwit gêgêmpuran malih, nalika wau Karna kacêpêng dening Bima, nanging Bima èngêt pangancamipun Arjuna dhatêng Karna, mila lajêng kauculakên. Kawuningana sarêng Bima gêntos kacêpêng dening Karna, ugi lajêng botên pinarwasa awit Karna èngêt dhatêng prasêtyanipun nalika wontên ngarsanipun Dèwi Kunthi, nanging surya sampun ngajêngakên sêrap, môngka sêsanggêmanipun Arjuna dèrèng kalaksanan, amargi Jayadrata tansah kajagi rêmpit dening ingkang sami sagah angayomi. Saking pangwasaning yoga Kesawa anasapi surya, mila lajêng pêtêng kados sampun sêrap. Jayadrata ingkang rumaos sampun wilujêng mêdal saking pabarisanipun ingkang rumêksa. Arjuna anêmpuh tandanging satriya nênêm ingkang anjagi têmah sami lumajêng, ing ngriku Arjuna mêndhêt sanjata pamungkas, minantran, lajêng kalêpasakên dhatêng Jayadrata, amargi Kesawa pêpèngêt, manawi saking sabdaning bapakipun: sintêna ingkang amêjahi Jayadrata, mugi-mugi sirahipun Jayadrata pêcaha dados sèwu. Inggih asarana jêmparing punika Arjuna anggènipun anugêl guluning mêngsahipun, [mêngs...]

--- 6 : 261 ---

[...ahipun,] sarta sinarêngan jêmparing sanèsipun, ngantos sirahipun Jayadrata dhawah ing pangkoning tiyang sêpuhipun, ingkang lajêng mancolot saking kagèt aningali sirahing anakipun dhawah, sarta kalajêng pêjah amargi saking sotipun piyambak. Makatên wau lêlampahan pêjahipun Jayadrata, dados prasêtyanipun Arjuna sampun kalêksanan. Surya katingalan malih, Arjuna lajêng ambujêng Krêpa tuwin Aswatama ngantos mêdal saking pabarisan. Satyaki sagêd ambuncang Karna malih saking ratanipun. Sanadyan lajêng katungka sêraping surya, ewadene paprangan botên lajêng kèndêl, kalajêngakên prang dalu, sarta botên sami mundur dening pêtênging wanci dalu. Paprangan agêng ing dalu wau ingkang anggêgirisi piyambak, prangipun Gathutkaca kalihan Karna. Campuhipun sakalangkung rame, wusana Karna kapèpètakên dening Gathutkaca, ngantos Karna bingung dening pujan kawujudanipun Gathutkaca, mila Karna angunus sanjata Kunta pêparingipun Hyang Indra, sarta anting-antingipun pisan (aningalana Wanaparwa, §299-301) Lajêng kalêpasakên, ing ngriku botên wontên kawasa ingkang sagêd adamêl cabar. Jêmparing lumêpas angênani Gathutkaca dhawah Kurawa surak mawurahan. Sarêng Pandhawa priksa bilih Gathutkaca pêjah sami anangis, amung Kesawa surak amratandhani bingahing panggalih. Saking sangêt kagawokan mila Arjuna

--- 6 : 262 ---

matur pitakèn dene wontên lêlampahan kang mokal. Kesawa pratela manawi salêbêtipun Karna taksih kanggenan jêmparingipun Hyang Indra, sagêd anyirnakakên mêngsahipun satunggal, pundi ingkang kinajêngakên, môngka samangke sampun kalêpasakên, dados Arjuna mêsthi wilujêng, sarta sagêd anyirnakakên Karna. Sampun mêsthi jêmparing wau tansah kapundhi-pundhi dening Karna, prêlu badhe kangge mrawasa mêngsahipun ingkang tansah kaajap-ajap, malah badhe kasarêng kalayan Kesawa, ananging kasupèn ing wanci anggènipun badhe anglêpasakên. Samangke pangwasanipun sampun têlas, pangajêng-ajêng dhatêng lêstantunipun gêsang sampun sirna amargi saking pandamêlipun piyambak. Dumugi wanci têngah dalu, para prajurit ingkang sampun sangêt sayahipun sami tilêm kalayan bôndayuda, mila Arjuna lajêng undhang angèndêlakên prangipun, ngantos rêmbulan dadari. (§183-185)

Paprangan wiwit malih, ramening ingkang sami bôndayuda tansah matambah- tambah, dene ingkang minôngka watêsing dintên paprangan kaping gangsal wêlas, punika campuhipun Arjuna kalihan Drona, kalihipun sami angêdalakên pangabaran warni-warni, botên wontên ingkang kasoran, lajêng sami anêmpuh sanès barisan, nanging taksih sami prang, wasana Kesawa paring dhawuh wontêna

--- 6 : 263 ---

ingkang suka pawartos dhatêng Drona, manawi Aswatama kasambut ing adilaga. Arjuna botên kadugi anglampahi, nanging Bima sigra amêjahi gajah ingkang nama Aswatama, sarwi manguwuh sora: Aswatama mati. Lêrês Aswatama pêjah nanging Aswatama gajah, sanès Aswatama putranipun Drona. Sakawit Drona sêdhih, nanging lajêng sirna, amargi andugi bilih pawartos punika cidra. Ing nalika wau para maharêsi sami manguwuh dhatêng Sang Drona bilih sampun dumugi mangsanipun Sang Drona anilar marcapada. Sami sanalika, kapapagakên dening Drêstajumna ingkang pinasthi anguntapakên angkatipun Drona dhatêng kaswargan. Drona lajêng larut bingah ing manahipun, enggal pitakèn dhatêng Yudhisthira, ingkang sampun prasêtya bilih botên badhe cidra, sanadyan ginanjar mangrèh tri bawana. Lêrês punapa botên pawartos pêjahipun Aswatama wau. Saking wêwêlingipun Sri Krêsna kêdah cidra, makatên cobi tumrap sihipun Yudhisthira dhatêng katêmênan. Ing têlênging batosipun Yudhisthira isi watak kirang santosa, sarta kasangêtên rêmênipun miturut dhatêng tiyang sanès, mila botên kawawa madêg saha adamêl kêkêncêngan piyambak. Ambêgipun alus, adil, momot tuwin sih, nanging ing nglêbêtipun isi watak kirang kêkêncêngan, mila tamtu wontên môngsakalanipun kalair, anjalari kuciwanipun, dados [dado...]

--- 6 : 264 ---

[...s] gampil sangêt dipun ewahi ing liyan. Yudhisthira wicantên sora: Aswatama pêjah, lajêng wicantên lirih: Aswatama gajah, ingkang makatên têmên ing lair, nanging batosipun cidra, kajêngipun murih sampun ngantos cidra lair batosipun. Wiwit purun cidra, rata sarakitanipun ingkang salami-laminipun botên anapak siti, punika lajêng sumèlèh ing siti kados limrahing akathah, ingkang makatên pratandhaning kuciwanipun. Sarta margi saking wigaring subrata, saha prihatosipun sadanguning gêsang, (karantên sirnaning gurunipun ajalaran saking cidranipun) adamêl sirnaning watakipun Yudhisthira ingkang tanpa kêkêncêngan wau. Kayêktèn nalika Yudhisthira badhe murut dhatêng kahanan jati, wontên cobaning dewa malih, inggih punika Yudhisthira kadhawuhan anilar sêgawonipun ingkang sangêt sêtya, Yudhisthira kawawa nampèni coba, puguh botên purun nilar, Yudhisthira manjing ing kaswargan, lêstantun wontên ing ngriku ngantos dumugi satêlasing wêwangên. Manawi dewa anggodha manungsa ngantosa pêntoging kasantosanipun, punika amung murih supados piawoning manungsa sanadyan sapintên alitipun sagêda kawêdal, dados lajêng sukci botên kawoworan piawon, wasana tiyang lajêng pitados dhatêng pribadinipun, manawi kataman kasusahan tuwin cobi.

--- 6 : 265 ---

Rikala Drona midhangêt ucapipun Wrêkudara, môngka Yudhisthira ugi amastani bilih putranipun sirna, enggal ambucal gandhewanipun, lajêng asêmadi wontên sanginggiling rata. Ing nalika punika Drêstajumna malumpat saking rata anarik pêdhang, marêpêki senapati ingkang sampun ambucal dêdamêlipun, sarta lajêng tinigas utamangganipun. Oncatipun saking sarira wadhag, suksmanipun Drona katingal sumorot anêlahi, wêkdal samantên ing gêgana kadi wontên surya kêmbar. Sarêng sampun kaoncatan, kunarpanipun dhawah saking rata, patrap panigasipun Drêstajumna dhatêng jangganipun senapati agêng ingkang yuswanipun sampun wolungdasa gangsal taun punika, rikmanipun ingkang pêthak kaukêl ing asta kiwa, lajêng sirah kapisah saking sariranipun, sirahing guru ingkang para siswanipun sami dados têtindhihing prang agêng punika. Arjuna amambêngi: guru iku pasrahna urip, aja kasirnakake, panjênêngane aja kongsi tumêkèng lena. Nanging botên kapaèlu dening Drêstajumna, sang maharêsi sampun oncat saking papa sangsara, ingkang sinangkulakên, lajêng ambangun kamulyan ing alaming brahma, (Brahmapura), ing ngriku sampun botên katêmpuh kasangsaran ing dunya. (§ 186-193)

--- 6 : 266 ---

Sasirnanipun Drona, wadya Kurawa mawut asarsaran, Aswatama mirêng bilih kang rama kaparèng tiwas, miwah siya-siya patraping mêngsahipun, dene rikmanipun mawi kajambak. Prasêtya bilih badhe amalês dhatêng Drêstajumna, pramila lajêng angèsthi jêmparingipun Wisnu, ingkang kenging kangge ambêsmi mêngsahipun. Aswatama anarubakên sakathahing wadyabala ingkang sami lumajêng, lajêng tinindhihan. Ing wêkdal punika ugi Arjuna manangis kalihan sangêt trênyuhing panggalih angèngêti sirnaning gurunipun, sarta piduwung dhatêng kalintuning patrapipun. Sanadyan sariranipun ugi sampun angemutakên, ewadene kalampahan sirna, saha sangêt kacêcamah wontên ing ngajêngipun, ucapipun: dhuh guru: kula silêm ing dalêm naraka, sarta pêjah kanthi nandhang kalingsêman. Bima tuwin Drêstajumna sami ngoso dhatêng Arjuna, nanging Satyaki anglêrêsakên, malah angawon-awon dhatêng Drêstajumna, sami gêgrêjêgan, nanging lajêng katungka panêmpuhipun wadya Kurawa, kadi anyapih ingkang sami nêpsu. Aswatama krodha angayat jêmparing latu mêdal angalad-alad, ambrastha barisan Pandhawa, Sang Kesawa enggal undhang dhatêng wadya Pandhawa, sami sèlèha dêdamêl, lajêng asidhakêp, awit amung sarana patrap makatên katulakipun jêmparinging dewa, [de...]

--- 6 : 267 ---

[...wa,] amung Bima botên miturut pitêdahipun Krêsna, lêstantun anggèning nêdya mapagakên tandangipun Aswatama, mila anggung kabêbujêng ing latu. Bima lajêng kasêndhal mandhap dening Arjuna miwah Kesawa, dupi sampun botên wontên ingkang wahana rata miwah sikêp dêdamêl, jêmparing latu sirna sami sanalika. Duryudana mangatak mring Sang Aswatama, anglêpasna jêmparing malih, nanging Dronaputra nêmbah sarwi prihatos, matur manawi jêmparingipun sampun botên sagêd wangsul malih, dados sampun botên sagêd amrajaya mêngsahipun. Kesawa manggih unggul. Têtela Kesawa botên sagêd sirna dening mêngsah. Kacariyos wiwit prang malih, kusiripun Bima pêjah kataman jêmparing, kuda ambandhang ambêkta Sang Bima, Arjuna nêmpuh Aswatama, angudani jêmparinging dewa dhatêng Aswatama, têmahan Aswatama kuthetheran lajêng anguncati. Ing wanci dalu Arjuna anggènipun ngrabasèng mêngsahipun pintên-pintên aksuini.aksohini. Palajêngipun Aswatama kalayan sangêt anggarantês dene botên sagêd adamêl sirnanipun Arjuna tuwin Kesawa wontên ing madyaning paprangan. Aswatama sowan dhatêng Sang Bisma nyuwun pitêdah dene Arjuna tuwin Krêsna botên sirna dening jêmparingipun. Kaparingan priksa sintên sajatosipun Arjuna tuwin Kesawa, mila botên [botê...]

--- 6 : 268 ---

[...n] sagêd sirna dening bramastra, (jêmparing dewa), ing ngriku Aswatama lajêng undhang supados kèndêl anggènipun prang, amargi sampun sêrap surya. Dupi ingkang prang sampun sami kèndêl, Arjuna marêk ing ngarsanipun Wiyasa, mitêrangakên sintên kawontênanipun ingkang anggung wontên sangajênging ratanipun, sarta tansah amarjaya mêngsah, nanging katingalipun kados Arjuna piyambak. Sang Wiyasa ngandika manawi punika Bathara Mahadewa, ratuning para dewa. Sang Wiyasa nyariyosakên kaluhuranipun Bathara Mahadewa. Inggih ing ngriku wasananing Dronaparwa. (§194-204)

Dintên paprangan kaping nêmbêlas, winastan Karnaparwa. Karna kajumênêngakên senapati. Ramening paprangan botên suda malah andados, Karna ajêng-ajêngan prang kalayan Nangkula, ngantos kusiripun, kapalipun tuwin dêdamêlipun Nangkula sami sirna. Ananging Nangkula botên pinêjahan, angèngêti kasagahanipun dhatêng Dèwi Kunthi. Nangkula kinalungan kêndhênging gandhewa lajêng kauculakên. Yudhisthira ugi botên karsa amêjahi Duryudana ingkang nandhang kanin ngantos kantu, dening dêdamêlipun, mila botên linampus amung angèngêti dhatêng pangancam-ancamipun Bima. Kanugrahan ing dintên punika kakêkap dening Arjuna, amargi Arjuna sagêd ambibarakên mêngsahipun, sapêngkêring mêngsah

--- 6 : 269 ---

Arjuna katingal ngalela wontên sanginggiling rata ingkang pangirid kuda pêthak, kinusiran ing dewa. Dalu punika Karna sampun anamtokakên, bilih enjingipun nêdya tandhing kalayan Arjuna. Mila sarêng Hyang Pratônggapati sampun katingalan ing têmbinging langit iring wetan, inggih punika dintên paprangan kaping pitulas, Karna lajêng nêdya anêtêpi prasêtya, badhe amungkasi prangipun, punapa Arjuna, punapa sariranipun ingkang kaparèng tiwas. Karna nyudhunnyuwun. dhatêng Prabu Salya, narendra ing Madras, supaya kaparêng angusiri ratanipun, dados botên kuciwa ajêng-ajêngan kalihan Arjuna. Sakawit Prabu Salya sangêt dukanipun, amargi panêdhanipun Karna makatên wau, kagalih anyênyamah dhatêng kaprabonipun. Nanging Duryudana lajêng angarih-arih, sarta mrayogèkakên Salya mituruti sapanêdhanipun Karna, karantên sang prabu badhe têtimbangan kalihan Sri Krêsna, sarta ngèngêtakên bilih Sang Hyang Brahma pribadi ugi nate angusiri ratanipun Bathara Rudra. Kalampahan ratanipun Adipati Karna kinusiran dening Prabu Salya. Dintên punika kathah cipta sasmita ingkang kirang prayogi amargi kusir kalihan ingkang numpak sampun botên golong, inggih punika Salya anguwus-uwus dhatêng dêksuranipundêgsuranipun (dan di tempat lain). Karna, sarta lajêng angalêmbana dhatêng mêngsahipun.

--- 6 : 270 ---

Prangipun Karna ingkang rame sangêt sakawit kalihan Yudhisthira, ngantos ratanipun rêmuk, mila Yudhisthira lajêng angoncati. Bima pêpulih karisakaning kang raka, anggada Karna ngantos kalêngêr. Kapêksa dipun palajêngakên kusiripun dhatêng sajawining pabarisan, nanging botên watawis dangu Karna wangsul, sarêng kapapag Yudhisthira, Nangkula, tuwin Sahadewa, Karna unggul mêngsah katiganipun wau. Duryudana dhatêng nêdya amitulungi Karna, nanging lajêng kapèpètakên dening Bima. Sasampunipun Arjuna angundurakên Aswatama, lajêng nêdya ngupaya kadangipun sêpuh. Amargi Arjuna kraos sumêlang. Kadospunapa bingahipun Arjuna dupi pinanggih kang raka, binagèkakên sarta kinudang-kudang. Yudhisthira angintên manawi Arjuna sampun anyirnakakên Karna, dene sampun mêdal saking pabarisan. Ing nalika Yudhisthira taksih tumungkul anggalih asoring yudanipun, môngka mirêng manawi Karna taksih gêsang, Yudhisthira sakalangkung runtik. Arjuna kawastanan tiyang jirih, malah lajêng ngandika: luwih bêcik gandhewa kapasrahna wong liya. Arjuna kadi sinêbit talinganipun, enggal anarik pêdhang. Nanging Kesawa anêngahi, sarta angèngêtakên manawi Dananjaya prasêtya badhe anyirnakakên Karna, punika ingkang damêl Yudhisthira ngandika, gandhewanipun [gandhe...]

--- 6 : 271 ---

[...wanipun] sukakna ing tiyang sanès, têgêsipun Yudhisthira ingkang badhe amrawasa dhatêng Karna, dados prasêtya sampun tinêtêpan. Kesawa sangêt manêtah dhatêng Dananjaya, dene ngantos angunus sabêt nêdya mrawasa sadhèrèkipun sêpuh ingkang jumênêng nata. Ing nalika wau Sri Krêsna nyariyosakên salah satunggaling lêlampahanipun tiyang nêrak kasusilan, kamipurun nêdya amêjahi sadhèrèkipun ingkang sêpuh piyambak. Amargi nêrak kasusilan ingkang makatên, mila nandhang sangsara angungkuli pêjah. Wasana tiyang wau lajêng anyungkêmi sukuning sadhèrèkipun sêpuh, nyuwun pangaksama. Ing nalika wau Arjuna nglênggana dhatêng kalêpatanipun, nanging amargi saking winasesa dening raos kaduwung anggènipun nêrak kasusilan, mila lajêng anarik sabêt malih, badhe kangge suduk jiwa, minôngka paukumaning dosanipun. Kalayan aris Kesawa anggènipun amambêngi sêdyanipun Arjuna, sarta Arjuna lajêng kadhawuhan anyungkêmi padanipun kang raka nyuwun pangaksama, sasampunipun enggal anêtêpana kasagahanipun amêjahi Karna. Dupi Yudhisthira rumaos piduwung dene ngantos kawiyos pangandikanipun ingkang kirang prayogi, lajêng badhe sèlèh makutha, awit sariranipun rumaos dosa dhatêng kadangipun. Guwenda angrêrapu [angrêra...]

--- 6 : 272 ---

[...pu] Yudhisthira ingkang sawêg karêrantan kalihan anjunjung Arjuna ingkang mangkurêp ing ngarsanipun kang raka, sarwi dhawuh supados angrangkula kadangipun. Kêkalihipun sami lipur, sarêng Arjuna sampun tampi dhawuhipun Yudhisthira enggal pangkat dhatêng pabarisan, sarwi matur botên badhe wangsul manawi Karna dèrèng sirna. (§ 46-71)

Sadangunipun Arjuna botên wontên, Bima karoban tandhing mila kadospunapa bingahipun sarêng priksa Arjuna munggèng rata lumêbêt ing pabarisan. Pangangkahipun Arjuna badhe amapagakên Karna, nanging kanggêg, amargi kapêksa amitulungi pabarisanipun Bima, ingkang karoban ing mêngsah. Dupi mngsahipun Bima katingal tipis, Arjuna lajêng nêdya angupaya senapati Karna. Ing ngriku Bima pinanggihipun kalihan Dusasana lajêng prang rame, nanging botên ngantos dangu, amargi Bima amusthi gada pamungkas, pinupuhakên dhatêng mêngsahipun ingkang sampun kaajêng-ajêng dangu: Dusasana sumaput dhawah ing siti. Bima anjog saking rata, lajêng angidak mêngsahipun, ing nalika wau Bima kèngêtan dêksuraning tindakipun Dusasana dhatêng Dèwi Krêsna, sarta èngêt dhatêng prasêtyanipun, mila lajêng angunus pêdhang, dhdhanipun Dusasana kacublês, gêtihipun kinokop, sasampunipun lajêng [la...]

--- 6 : 273 ---

[...jêng] pinocok utamangganipun. Têtingalan ingkang adamêl miris saha ngêrêsipun ingkang sami sumêrêp, makatên wau wohing daksiya dhatêng sasamining manungsa. Arjuna sampun ajêng-ajêngan kalihan Karna, ingkang mêntas angundurakên Nangkula. Dupi Karna priksa sutanipun sirna dening Arjuna wontên ing ngajêngipun, enggal manêmpuh mêngsahipun ing kadunyan. Para dewa sami rawuh aningali ingkang sami prang tandhing, sarta lajêng anyawung Arjuna, dene para asura nyawung Karna. Sakawit prang jêmparing, dangu botên wontên ingkang kasoran, Arjuna anglêpasakên dêdamêlipun Bathara Brama, ewadene botên sirna, amargi dipun aling-alingi naga agêng, inggih punika naga ingkang biyungipun pêjah nalika kabêsminipun wana Kandhawa, mila nêdya ambelani pêjahing biyungipun, badhe amarwasa dhatêng Arjuna. Naga mancalawarna jêmparing lumêbêt dhatêng endhongipun Karna, lajêng kajêmparingakên. Sri Krêsna botên kasamaran manawi jêmparing ingkang lumarap punika sajatosipun panukmaning naga sinakti, rata ginênjot, rodhanipun amblês ing siti ngantos satêngah mètèr, kuda pangiriding rata sami nalosor ing siti. Jêmparing amung kenging jamangipun Arjuna pêparingipun Sang Hyang Indra, ngantos ajur sawalang-walang. Amargi

--- 6 : 274 ---

Arjuna katut amblêsing rata ingkang ginênjot dening Kesawa, dados Arjuna lêpat botên kenging jêmparing linangkung wau. Naga wangsul manggahi Karna, cariyos supados kalêpasna malih, nanging Karna botên purun ngangge jêmparing ingkang botên sagêd adamêl sirnaning mêngsahipun, mila taksakaraja lajêng nêdya lumawan piyambak, wasana pêjah dening jêmparingipun Arjuna. Ing ngriku Arjuna sagêd anyêlaki mêngsahipun ingkang sampun botên sikêp dêdamêl mila kaêntosana sakêdhap murih Sang Karna sagêd mêndhêt dêdamêlipun, karantên Arjuna sirik amêjahi mêngsah ingkang botên sikêp dêdamêl. Kesawa dhawuh supados sampun dipun kèndêli panêmpuhipun, Karna èngêt lajêng anyêpêng gandhewanipun, nanging lajêng wontên suwantên ingkang pêpèngêt dhatêng Karna: bumi anjêpit rodhaning ratanira. Karna lajêng aningali rodhaning rata, sayêktos rodhaning rata iring kiwa tumancêp ing siti. Ingkang makatên yêktining sotipun satunggaling brahmana ingkang pêdhètipun kapêjahan dening Karna, lajêng angêsotakên: têmbe badhe sirnanipun Karna wontên paprangan, rodhaning ratanipun amblês ing siti, (ningalana § 42), Karna mandhap saking rata sarwi manguwuh sora, mratelakake utamaning tiyang prang, ananging têrus tinêmpuh ngantos [nganto...]

--- 6 : 275 ---

[...s] kuthetheran anggènipun badhe anjunjung rodhaning ratanipun ingkang kacêp ing siti wau. Panguwuhipun dhatêng Arjuna, supados kaêntosana ngantos ratanipun sagêd lumampah malih, angèngêtakên utamining kasatriyan. Nanging Kesawa enggal amangsuli kalihan wêngis, mêngsahipun tamtu adamêl kasaenan, ing ngriku Karna dipun èngêtakên piawonipun ingkang nangsaya dhatêng Pandhawa, sarta anggènipun adamêl kawiranganipun Dèwi Krêsna, mila wangsulanipun Krêsna: kautaman kaya kang sira ucapake iku, yèn ora tau sira lakoni dhewe, gèk apa pigunane sira angucapake têmbung mangkono mau.

Karna botên ngraosakên ratanipun, nanging enggal anglêpasi jêmparing dhatêng Arjuna, ngantos Arjuna kapêksa mundur. Ing ngriku Karna mandhap saking rata badhe anjunjung rodha ingkang amblês ing siti. Nalika Arjuna sampun pulih enggal anyipat mêngsahipun, sarta linêpasakên, tuwin mêndhêt jêmparing sanèsipun kalihan angèsthi asmaning kautamèn tuwin adil, sasampunipun lajêng linêpasakên. Karna pagas utamangganipun dening jêmparingipun Arjuna. Cahya ingkang mêdal saking sariranipun Karna, sumorot anêlahi lajêng minggah nunggil kalihan [ka...]

--- 6 : 276 ---

[...lihan] surya. Soroting srêngenge ingkang sampun ngajêngakên sêrap, tumanduk ing sariranipun Karna, têmah ambaranang kadi pinulas dening rahipun senapati linangkung wau. Ing gêgana abrit amarakata, surya saya surêm wêkasan botên katingalan, sanalika wau kèndêl anggènipun sami abôndayuda. Pakuwon Kurawa kamirêng sêsambating prihatos, nanging pakuwon Pandhawa sami bingah asurak-surak. (§ 84-96)

Dintên kaping wolulas, Salya ingkang kapilih dados senapatining wadya Kurawa. Lêlampahan ingkang botên sapintêna dangunipun punika kacariyos wontên ing Salyaparwa.

Têtindhihing wadya Pandhawa Sang Yudhisthira, campuhipun wadya Pandhawa kalihan Kurawa sakalangkung rame. Marambah-rambah Yudhisthira tinêmpuh dening mêngsahipun, nanging ingkang nêmpuh wau malah kasêsêr, amargi lajêng tinalabung saking kanan kering, wasana Yudhisthira ingkang rata sapangiridipun sampun sirna dangu, amênthang langkapipun, mantêk mantra lajêng linêpasakên, Salya kenging dhadhanipun, lajêng anggêblag dhawah ing siti. (§ 1-17)

Kajawi ingkang pinasrahan layoning senapati, sadaya taksih sami anglajêngakên prangipun, ngantos para putranipun Dritarastra kantun kalih, inggih punika Suyudana kalihan Sudarsa. Dangu-dangu [Da...]

--- 6 : 277 ---

[...ngu-dangu] kantun Duryudana piyambak, satunggal kemawon sampun botên wontên ingkang ambiyantu anggènipun prang, mila Duryudana lajêng anilar rata ingkang pangiridipun sampun pêjah, lumajêng nilar paprangan sêsingidan ing talaga, toya piniyak saking pangwasaning Masi, lajêng sêsingidan ing dhasaring toya.

Wadya pêpilihaning Kurawa ingkang wahana rata kantun tiga: Krêpa, Aswatama tuwin Kartawarma, ananging Duryudana botên wuninga bilih taksih wontên ingkang kantun, kagalih sampun sirna sadaya.

Sarêng katiganipun wau dipun cariyosi Sanjaya ing pundi pasingidanipun Sang Duryudana, dalunipun lajêng sami anusul kairit dening Sanjaya. Katiganipun atur pamrayogi supados Duryudana angêdali prang malih, nanging Suyudana botên amituruti kabêkta saking kasayahan saha katêlasan upacaraning prang. Para tuwaburu ingkang langkung sacêlakipun ngriku mirêng anggènipun sami wiraosan wau, dados mangrêtos manawi Duryudana nêdya sêsingidan ing salêbêting talaga, para tuwaburu wau lajêng ngaturi uninga dhatêng Pandhawa. Mila Pandhawa sagêd priksa ing pundi pasingidanipun Suyudana. Yudhisthira manantang supados Duryudana mêdal saking toya, amangun prang ngrêbat kaprabonipun. [ka...]

--- 6 : 278 ---

[...prabonipun.] Duryudana mangsuli, manawi sampun lêrêm sawatawis Duryudana sagah badhe angêdali prang malih. Nanging Pandhawa mêksa manantang, wangsulanipun Duryudana sêmu pangerang-erang, mratelakakên manawi sadaya kêkasihipun sampun sami sirna, panganggêpipun bawana sampun risak, sariranipun amung badhe lumêbêt ing wana kemawon, sarta sampun lila Yudhisthira jumênêng nata amêngku nagari ingkang sampun sonyaruri wau. Yudhisthira gêntos angerang-erang, pratela manawi sariranipun tamtu botên kadugi nampèni nagari saking palilahing mêngsahipun, ingkang kaajab-ajab amung jarahaning prang, mila Duryudana enggal angêdalana, dados lajêng sagêd ambuka wiwaraning kanugrahanipun. Wangsulanipun Duryudana: ijèn, ora darbe rata lan jaran, tanpa kanthi, tanpa gêgaman, kapriye bisane angêtoni prang, lumawan mungsuh kang tanpa wilangan kèhe, samêkta sagêgamane, lan padha wahana rata, dadi kanggêging kasudiran mung saka kasangsaran, apa aku ijèn kuat nadhahi mungsuh kang maèwu-èwu iku. Ewadene yèn maju siji-siji aku ora bakal angunduri. Yudhisthira sagah, manawi Duryudana sagêd amêjahi Pandhawa salah satunggal, kaprabonipun kakêkapa. Ing nalika wau

--- 6 : 279 ---

Duryudana anantang salah satunggaling Pandhawa, kaajak prang gada dharat, dipun pituruti, mila Suyudana lajêng mêdal saking pasingidanipun, Yudhisthira misungsung sadaya dêdamêl ingkang prêlu badhe dipun angge dening Duryudana, sarta Bima ingkang badhe anandhingi. Para ningali sami linggih angêpang ingkang prang tandhing, Prabu Baladewa kadangipun Guwinda ingkang sêpuh piyambak rawuh, lajêng aningali satriya kêkalih anggènipun badhe amungkasi cêcongkrahanipun sadanguning dumados ing dunya.(§ 18-34)

Sarêng sampun dumugi anggènipun lêlana, amargi Balarama botên karsa tumut-tumut anggènipun Pandhawa pasulayan kalihan Kurawa. Kathah tirias ingkang dipun ampiri, Balarama mirêng cêcriyosan kathah, pasitèn ingkang kadadosakên pasabinan tuwin patêgilan dening bôngsa Kuru, ingkang lajêng kanamèkakên miturut naminipun ingkang angadani. (§ 35-54)

Balarama mratelakakên supados anggènipun sami prang tandhing wau sami wangsul dhatêng Têgal Kuru, mila lajêng sami pangkat, sadumugining Têgal Kuru wiwit bôndayuda. Rame sangêt prangipun Duryudana kalihan Bima, sami agêngipun, sami karosanipun, tuwin sami parigêlipun, mila gêntos-gêntos kalindhih. Salêbêtipun kêkalihipun wau sami gada-ginada, jangkah-jinangkah, [jangkah-...]

--- 6 : 280 ---

[...jinangkah,] sarta dêdêr-dinêdêr, Kesawa dhawuh supados Arjuna angèngêtakên prasêtyanipun Bima, sarana anggêbag pupunipun piyambak kang kiwa, ngantos Bima sumêrêp. Bima tanggap cipta sasmitaning kadang, nanging angêntosi sêlaning mêngsahipun, mila tansah angêsuk mêngsah kalihan amutêr gada, badhe pinupuhakên. Duryudana milar, badhe angrênggani pangrukêtipun Wrêkudara, sinarêngan ginada, dados kenging pupunipun kiwa, rêmuk lajêng andhawah. Bima anyêlaki kalayan sangêt nêpsu amargi èngêt piawoning mêngsahipun ingkang samangke sampun tanpa daya. Duryudana dipun purih angèngêti anggènipun adamêl kawiranganipun Drupadi, Duryudana tumungkul amargi sampun botên kawawa andhangak, lajêng kaidak sirahipun dening Wrêkudara kalayan suku kiwa. Para narendra ingkang sami wontên ing ngriku ing sêmu sangêt botên sarju aningali tindakipun Bima makatên wau. Yudhisthira sangêt duka lajêng ngandika dhatêng Bima: "Wrêkudara, Duryudana iku narendra lan kadang tua, dadi ora pantês yèn sira idak sirahe". Sarta Yudhisthira mratelakakên kadospunapa gênging karisakanipun Duryudana, mila Yudhisthira enggal marêpêki Duryudana, anglêlipur, bilih langkung prayogi sirna, tinimbang gêsang kalayan tansah dipun sot-sotakên [sot-sotakê...]

--- 6 : 281 ---

[...n] dening para pawèstri ingkang kadang warganipun sami pêjah.

Ing nalika wau Baladewa murina, dene Bima cidra prangipun, karantên ingatasipun satriya, manawi prang gada botên kenging anggêbag sangandhaping udêl. Baladewa angundha gada badhe amupuh Bima, nanging lajêng karangkul dening Kesawa, matur angasih-asih, saha nyariyosakên prasêtyanipun Bima nalika Duryudana anjêjawat ing Dèwi Krêsna. Baladewa lilih lajêng minggah ing rata anilar Pandhawa kalayan karêrantan. Sanadyan sampun kawon, sarta kantun angêntosi pêcating jiwa, tuwin kasia-sia, ewadene Duryudana botên kêndhak kêkêndêlanipun. Nalika katêtah dening Kesawa, wangsulanipun mêksa taksih mawi pangerang-erang: ingsun wus angêlaya bumi, ingsun wus angêsorake kabèh mau, angrèh kabèh sasêgarane pisan, sapa ta kang angungkuli kabêgjaningsun? Wêkasan barêng kabèh para satriya wus angrampungake kawajibane, nuli padha sirna anèng paprangan, ingsun uga mèlu mati, sapa kang kautamane angungkuli ingsun? Kamulyan pêparinging dewa, kang ora gampang ginayuh dening ratu liyane, iku wus dak rasakake kabèh, dadi ingsun wus bisa angunggahi kamulyan kang dhuwur dhewe, sapa ta kang bisa mapaki kaluhuran ingsun?

--- 6 : 282 ---

Samêngko sarupaning wong kang dak trêsnani, dalasan kadang-kadang ingsun padha sun jak bêbarêngan marang kaswargan, hèh sira kang durung tau angrasakake kamuktèn lan kawibawan, êndi kang sira kukup iku, ora sapangarêp-arêpira, kabèh wus rusak dening kasusahan, dadi sira urip anèng ing dunya kang cilaka.

Makatên kasantosaning manahipun para satriya, nadyan sampun kasoran prangipun, amung kantun pêcatipun kemawon, tur kinêpang dening mêngsahipun ingkang sampun angasorakên prangipun, ewadene taksih makatên ucapipun. Lêrês Duryudana punika manggan, judhas, tuwin kirang wicaksana, ananging Duryudana santosa tuwin kêndêl. (§ 55-61)

Sasampunipun para Pandhawa dumugi pakuwon, Kesawa dhawuh dhatêng Arjuna, supados mandhap ambêkta gandhewa, jêmparing saha dêdamêl sanèsipun, sadaya kawêdalna, punapadene Sri Krêsna ugi lajêng mandhap saking rata. Sarêng rata sampun katilar dening Kesawa, wanara cirining daludag, lajêng musna botên katingalan, makatên ugi rata, bum, kuda pangirit saabah-abahipun lajêng sirna dados awu. Arjuna sangêt ngungun, nyuwun katrangan kadospundi dene wontên lêlampahan ingkang sakalangkung elok, wangsulanipun Sri Krêsna: "rata iki

--- 6 : 283 ---

Arjuna, sajatine wus lêbur suwe, dening kèhing gêgaman kang anibani, nanging sasuwene isih sun titihi anèng paprangan, pasthi yèn ora bisa rusak, hèh pangrurahing satru, sayêktine wus dadi awu, dening panahing dewa. Sadurunge aku ninggal rata iki lan pakaryanira durung rampung, pasthi yèn isih kêna di anggo. Sampun têtela manawi Kesawa sadanguning bratayuda, punika dados mitra saha pangayomanipun Arjuna, mila winêca: ing ngêndi kang kadunungan Sri Krêsna, yaiku kang unggul pêrange.

Ing nalika wau Yudhisthira ngaturi supados Sri Krêsna dhatêng Astinapura, atur pawartos ing Dèwi Gêndari, mênggah sirnaning para putranipun. Punapa botên badhe dados runtikipun pandhita sukci ingkang lajêng anglêbur dhatêng mêngsahing para putranipun, upami ingkang atur pawartos wau sanès Sri Krêsna. Kawuningana Sri Krêsna pangkat, sadumugining Astinapura lajêng mangraup padanipun Prabu Drêtarastra sarwi karuna. Kalihan taksih sêrêt suwantênipun Sri Krêsna anggènipun ngaturakên sawarnining lêlampahan ingkang sampun dipun lampahi dening para Pandhawa salêbêtipun prang, ingkang ugi sangêt ngêrês angèngêti ingkang sami kasor prangipun. Angèngêtakên pangandikanipun Dèwi Gêndari piyambak,

--- 6 : 284 ---

anggènipun angêsotakên dhatêng putranipun, mila Gêndari enggal ambirat prihatosipun, lajêng ngandika: "dhuh Kesawa, bênêr kaya ucapira, atiku brastha dening kasêdhihan, sanalika banjur kuwur, nanging barêng ingsun wus angrungu caritanira, Janardana, nuli têntrêm manèh. Lah sujanma linuwih, apa kang kudu linakonan dening narendra wuta kang anake wus padha sirna iki, yèn ora angayom marang para senapati Pandhawa lan sira". Sarwi ngandika makatên Dèwi Gêndari lajêng anutupi pasuryanipun kalihan astanipun kalih pisan, mangkurêb ing siti sarwi karuna kalara-lara. Sri Krêsna nyuwun pamit, sarta ngaturakên pangincim-incimipun Aswatama, ingkang dalu punika nêdya anyidra para Pandhawa. Ing ngriku sang prabu tuwin pramèswari nata lajêng dhawuh dhatêng Sri Krêsna, supados tumuntên wangsul, angayomi Pandhawa. Kesawa madal pasihan,pasilan. nitih rata wangsul dhatêng pakuwon Pandhawa. (§ 62-63)

Ing nalika Duryudana sampun andungkap uncat saking kawadhaganipun, galasaran ing siti, Aswatama, Krêpa, tuwin Kartawarma, dhatêng lajêng nangisi. Aswatama matur ing Prabu Duryudana ingkang sampun apêgat-pêgat napasipun, badhe lumawan Pandhawa. Duryudana dhawuh, manawi Krêpa tuwin Aswatama kadadosakên [kada...]

--- 6 : 285 ---

[...dosakên] senapati, lêrês senapati ingkang sampun tanpa wadya, ananging kadadosanipun botên wontên mêngsah ingkang sagêd angrubeda. Inggih wiwahan agêng punika ingkang minôngka panutuping Salyaparwa. (§ 64-65)

Pamalêsipun Aswatama dhatêng sirnaning sudarmanipun kacariyos wontên ing Surtikaparwa. Aswatama badhe anyidra wadya Pandhawa ingkang sami tilêm, ananging cuwa dene pinambêngan dening Krêpa, supados sampun damêl makatên. Ewadene Aswatama mêksa lajêng pangkat dhatêng wiwara pakuwon Pandhawa.

Aswatama kacêgatan dening satunggaling kawontênan ingkang sakalangkung sakti, botên tumama dening sadaya dêdamêlipun. Ing nalika wau Aswatama angèsthi Bathara Rudra, adamêl latu kurban, ingkang kinurbanakên badanipun, wasana tampi nugrahanipun Bathara Mahadewa sagêd kadumugèn sêdyanipun. Ing pêtênganing wanci dalu manjingipun dhatêng pakuwon, lajêng amarwasa mêngsahipun ingkang sami tilêm. Ingkang rumiyin piyambak Drêstajumna, lajêng putranipun Drupadi, lajêng sanès-sanèsipun kajawi para putranipun Pandhu, Satyaki, tuwin Kesawa, ingkang wêkdal punika botên wontên ing ngriku. Aswatama wangsul dhatêng panggenanipun Duryudana, Krêpa, tuwin Kartawarma, nyariyosakên [nyariyosa...]

--- 6 : 286 ---

[...kên] sirnaning para mêngsahipun.

Taksih wontên soroting raos bingahipun Duryudana, inggih punika kabingahanipun kang wêkasan, ngantos ngandika: sira kabèh padha sêtya tuhu, sira padha kabêgjan, kariya slamêt, têmbe padha sapatêmon manèh anèng kaswargan. Sasampunipun ngandika makatên, Duryudana lajêng anilar kawadhaganipun. (§ 9-9)

Ing nalika Yudhisthira mirêng pawartos ingkang anyêdhihakên wau, lajêng animbali Dèwi Drupadi, kalayan raos sêdhih ingkang tanpa upami. Drupadi prasêtya, badhe anganyut tuwuh manawi Aswatama botên pinêjahan, utawi sêsotya rêrêngganing sirah, ingkang kadèkèk wiwit lairipun punika botên katampèkakên ing sariranipun. Bima nêdya ngupaya Aswatama, Kesawa dhawuh dhatêng Yudhisthira tuwin Arjuna supados sami tumut numpak ratanipun Wrêkudara, amargi Bima botên kawawa anadhahi bramastra, ingkang Aswatama sagêd sangêt anglêpasakên. Katututanipun sarêng Bima pinanggih kalihan Aswatama. Aswatama ambêdhol rumput lajêng minantran, botên dangu rumput dados dêdamêling dewa. Kesawa enggal mangatag Arjuna supados anandukakên dêdamêling dewa dhatêng

--- 6 : 287 ---

Aswatama kados piwulangipun sang Drona. Ing nalika wau Naradha tuwin Wiyasa anêngahi ingkang sami bôndayuda, mila lajêng kèndêl anggènipun prang. Dene Arjuna ingkang angaji-aji saha miturut dhatêng sadaya para pinisêpuh, angirup wangsul dêdamêlipun, ananging Aswatama anggènipun badhe ngatingalakên bêktinipun dhatêng para maharsi piyambakipun walèh, manawi amung badhe kangge amêjahi lare ingkang taksih kinandhut dening èstrinipun para Pandhawa, sarta lajêng angunjukakên sêsotya ingkang sinarêngakên lairipun, saking sirahipun.

Kesawa ngandika, owêl sangêt dhatêng pêjahipun para putra, nanging wontên satunggal ingkang gêsang malih. Amargi saking pangwasanipun, dados lêstantun gêsang, sarta badhe mangrèh kaprabonipun Pandhawa jêjuluk Parikêsit. Dene Aswatama sadèrèngipun pêjah tansah angubêngi ing sêpi, ngantos tigang èwu warsa, tanpa kanthi tuwin botên sagêd wicantên kalihan tiyang.

Kesawa kalayan Rêsi Naradha tuwin para Pandhawa wangsul manggihi Drupadi, nampèkakên sêsotya, sarta kaparingan priksa manawi Aswatama sampun kapundhut dêdamêlipun, lajêng kêdah galuyuran dhatêng ing pundi-pundi urut panggenan kang sêpi-sêpi, kaapura amargi sutaning gurunipun, sarta angèngêti sêsanggêmanipun.

--- 6 : 288 ---

Ing nalika wau Krêsna nyariyosakên manawi Aswatama anggènipun botên pinêjahan wontên ing paprangan punika saking kaparêngipun Bathara Mahadewa. (§ 10-11)

Anyarêngi lêlampahan kacariyos ing nginggil, Prabu Drêtarastra sakalangkung rudah ing panggalih, angèngêti sirnaning putra saha wadyabalanipun. Ing nalika punika sang prabu angêmpalakên para putri santananipun, kadhawuhan dhèrèk anggènipun badhe amiwaha layonipun ingkang sami sirna wontên ing paprangan. Arak-arakan ingkang angêrês-êrêsi wau mêdal saking Astinapura, têtêp kados wêcanipun Dèwi Drupadi nalika karuna urut margi pangkat dhatêng wana. Wontên ing margi kapapag kalihan Aswatama, Krêpa tuwin Kartawarma, sawangsulipun prang kalihan Pandhawa. Sarêng katiga wau anilar sang prabu lajêng sami pêpisahan, Aswatama lêstantun angulandara. Kacariyos para Pandhawa, sarêng midhangêt pawartos bilih Prabu Drêtarastra rawuh, Yudhisthira tuwin para ari, Kesawa saha Dèwi Krêsna lajêng amapagakên, Yudhisthira rinangkul kalayan sangêt sih.

Ananging sarêng Bima amarêpêki, Sang Prabu Drêtarastra kadi ginugah kanêpsonipun, osiking panggalih Bima nêdya rinêmuk nalikanipun rinangkul, ananging Sang Kesawa ingkang botên kasamarankata "an" pada teks asli terdapat pada hlm. 289 jilid 7.