Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 7)

Katalog:Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508
Sambung:
1.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 1). Bahasa dan Budaya | Wayang #270.
2.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 2). Bahasa dan Budaya | Wayang #271.
3.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 3). Bahasa dan Budaya | Wayang #272.
4.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 4). Bahasa dan Budaya | Wayang #273.
5.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 5). Bahasa dan Budaya | Wayang #274.
6.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 6). Bahasa dan Budaya | Wayang #275.
7.Mahabarata, Partawiraya, 1924, #508 (Jilid 7). Bahasa dan Budaya | Wayang #276.

--- 7 : 289 ---

Mahabarata Jilid 7

Warahipun paduka Nyonyah Dr. Ani Bèsên

Ingkang dipun ngalamati: Paprangan Agêng

Impunan saking Sêrat Mahabarata têmbung Sansêkrit.

Kajawèkakên dening: Radèn Mas Partawiraya, ing Surakarta

Kaêcap saha kawêdalakên dening: BOEKH. EN DRUKK.,,SWASTIKA" PASARPON - SOLO TELEFOON 430.

MAHA-BHARATA DEEL 7

dhatêng osiking manahipun tiyang, panggenanipun Bima wau kadekekan rêca tosan, ingkang lajêng mêmêt sarêng rinangkul dening Drêtarastra, sang prabu ugi ambruk ing siti rah mêdal saking sariranipun, amargi pranajanipun kataton, ananging sang prabu ugi lajêng kraos piduwung, pangandikanipun:o: Bima, sarêng Kesawa priksa manawi sang prabu sampun lêmpêr dukanipun, lajêng ngaturakên kawontênaning lêlampahan ingkang sawêk kapêngkêr wau, sarta pratela bilih botên dados punapa.

Ingkang makatên mêsthi tuwuh saking kêkiranganipun piyambak, sang prabu ugi ngandika, sariranipun pancèn kirang santosa dhatêng adil saha kirang sih dhatêng kadang warganipun. Ing ngriku Drêtarastra lajêng angrangkul para Pandhawa, sarwi amaringi barkah, kaakên putranipun piyambak. Dèwi Gêndari ugi paring pangèstu, sasampunipun aprang rame kalihan kanêpsonipun, nanging latu ingkang kaurubakên dening kasutapanipun wau mêsthi amakarti, badhe adamêl sirnaning mêngsah. Nalika tujuning paningalipun Dèwi Gêndari mangandhap sipat sukunipun Yudhisthira, têmah dados jalaraning tatu ingkang bêntèr anguntar-untar kadosdene latu§ punika prêlu sami dipun sumêrêpi, bilih dayaning karsa ingkang kacariyos ing ngriki, manawi kawruh gagrak samangke amastani gugon tuhon, tatu ingkang raosipun bêntèr kados latu wau, saking dayaning pangèsthi.

--- 7 : 290 ---

Dèwi Gêndari linangkung kawaspadanipun, mila sanadyan saking katêbihan, sami kemawon kalihan ingkang cêlak. Têgal paprangan, ing pundi dununging Kurawa anggènipun kasoran prangipun, punika katingal cêtha wontên ing paningalipun Dèwi Gêndari. Tansah anggêrsah Gêndari anggènipun mirêngakên cariyosipun Kesawa satunggal-tunggaling lêlampahan, ngantos dumugi kunarpaning para putranipun sami sirna kabêsmi. Awit saking winasesa dening kasêdhihan, Dèwi Gêndari lajêng ngandika dhatêng Sri Krêsna: amarga saka kurang susilaningsun, krana ingsun sêtya bangêt marang priyaningsun, têmahan rêkasa bisane sumungkêm ing padaning dewa, samêngko ingsun angêsotake marang sira: hèh kang gêgaman cakra lan gada, amarga saka sira ora maèlu marang Kurawa lan Pandhawa, ing nalika padha patèn-pinatèn, mulane Guwinda, sira bakal dadi pangrusaking bangsanira dhewe. Têlung puluh nêm warsa saka dina iki, têdhaking pangrurah madu, sawuse kadang warga, mitra-mitra, sarta para putranira tumpês tapis, sira bakal sirna anèng têngahing alas, kang jalarane asor bangêt.

Sang Kesawa dewaning pêjah miwah gêsang, botên kasamaran dhatêng lêlampahan ingkang badhe kalampahan, matur sarwi mèsêm nanging [na...]

--- 7 : 291 ---

[...nging] anawung prihatos: sanèsipun kula piyambak, ing donya botên wontên tiyang ingkang sagêd anyirnakakên bôngsa wrêsni, punika kula botên kêkilapan, pangangkah kula sot punika sagêda kalêksanan, dhuh panduka ingkang sêtya tuhu ing kawajiban, sot panduka nêdya kula pitulungi, murih têtêpipun, kawuningana piawoning manungsa punika amung ambiyantu murih karsaning dewa kalampahan.

Ing satêpining lèpèn Gangga kangge kalêmpakanipun para prihatos, anggènipun badhe damêl sêsaji amrih kaluhuranipun para satriya ingkang sami lena ing paprangan. Saking sangêting prihatos, Dèwi Kunthi ngandika dhatêng para Pandhawa wontên ing ngajêngipun pasamuwan, manawi Karna punika mijil saking sariranipun, putranipun Bathara Surya, dados kadanging Pandhawa ingkang sêpuh piyambak.

Pandhawa sami anjola, Yudhisthira lajêng nangisi senapati ingkang sampun lena ing madyaning adilaga punika, sêsambatipun, upami priksa sampun saèstu botên kalampahan wontên karisakan agêng (§ Sakriparna §§ 1-27).

Prabu taruna, sakadangipun, sarta para ingkang sami prihatos, taksih lêstantun wontên ing satêpining lèpèn Gangga, ing nalika [na...]

--- 7 : 292 ---

[...lika] wau Naradha tuwin rêsi sanès-sanèsipun, sami angrêrapu Yudhisthira, ingkang nangisi sirnaning sadhèrèk, sarta sangêt piduwung dene saking botên sumêrêpipun ngantos adamêl sirnaning kadang sêpuh, wasana YusthiraYudhisthira. matur dhatêng Rêsi Naradha: siti anjêpit rodhaning ratanipun Karna, ingkang makatên wau saking sotipun sintên. Maharêsi Naradha lajêng nyariyosakên lêlampahanipun Karna, ing nalika botên katampi dening Drona, prakawis anggènipun puruhita anandukakên bramastra, amargi Karna sanès brahmana, saha sanès satriya ingkang banguntapa. Karna lajêng marêk ing sang rama, ngakên brahmana têdhakipun Brigu, mila tinampi panyiswanipun. Salêbêtipun dados siswa, Karna kaêsotakên dening satunggaling brahmana, amargi saking weyanipun Karna ngantos amêjahi lêmbunipun. Sotipun: têmbe Karna badhe pinêjahan dening mêngsahipun, ing nalika rodhaning ratanipun kacêpkacêpit. ing siti. Sarêng rama priksa mêntalanipun Karna manawi nandhang sakit, lajêng priksa bilih Karna têtela sanès brahmana, awit saking cidranipun wau, Karna dipun sotakên, bilih Karna badhe kasupèn wanci ingkang prayogi anggènipun nandukakên dêdamêling Brahma.

Yudhisthira mêksa taksih karaos cuwa sirnaning sadhèrèkipun [sadhèrèki...]

--- 7 : 293 ---

[...pun] sêpuh wau, ngantos ngandika manawi kaprabon nêdya kapasrahakên dhatêng Arjuna, dene sariranipun badhe ambanguntapa lumêbêt ing wana. Para kadang, para rêsi miwah Kesawa rame anggènipun amambêngi sêdyanipun Yudhisthira makatên wau. Dangu-dangu Yudhisthira miturut, kalampahan lajêng ngrasuk makuthaning kaprabon, sasampuning katata lajêng pangkat dhatêng Astinapura, andhèrèkakên Prabu Drêtarastra ingkang nitih rata kaprabon. Ing ngriku wontên suwantên ingkang nyulayani, inggih punika satunggaling raksasa ingkang kanamèkakên dening Duryudana pun Carwaka, amindha warna brahmana lajêng abêngok-bêngok: kuciwa ingatasing ratu, kang wus amatèni bangsane dhewe. Yudhisthira mangsuli kalayan nalôngsa, angintên manawi para brahmana matêdhakakên bêbêndu ing sariranipun, mila lajêng amasrahakên jiwa raganipun. Ananging para brahmana sami anugrahani dhatêng Yudhisthira, Carwaka sinuduk lajêng andhawah, para brahmana nguwuh: suwawi katingalana,katingalan. ingkang adamêl kalingsêman sampun pêjah. Ing nalika wau Yudhisthira kajumênêngakên nata, ingkang lajêng sinurakan dening tiyang sanagari. Nanging Yudhisthira dhawuh, manawi sariranipun punika amung nayakanipun Prabu Drêtarastra. Salêbêtipun anglênggahi pangkat wau, praja kaangkah sagêdipun adil panatanipun, [panatani...]

--- 7 : 294 ---

[...pun,] piwulang agami badhe katindakakên kalayan prayogi. Badhe angêdêgakên griya pintên-pintên ingkang botên kêkirangan têdha tuwin toya. Panjênênganipun dhawuh adamêl patirtan, awit saking naminipun ingkang sami sawarga, kangge anggêmatosi para rôndha, utawi biyungipun ingkang sami sirna ing paprangan, sarta sidhêkah dhatêng para papa. Ing ngriku Sri Krêsna angidungakên kidung sukci, sarta dhawuh supados Yudhisthira angangkah katêntrêman, murih bawana lajêng têntrêm (Santiparwa § 1-46)

Piwulang Luhur

Kita anilar senapati agêng ingkang sare wontên pasareyanipun ing têngahing Têgal Kuru, dados panjênênganipun wau priksa dhatêng sadaya lêlampahan ingkang sami kita sumêrêpi, ngantos bibaring prang tuwin Yudhisthira kajumênêngakên narendra, samangke anyêlaki têtingalan kang wêkasan, utawi perangan ingkang kandêl piyambak, nama Santiparwa. Wontênipun ing Sêrat Mahabarata, Santiparwa punika parwa ingkang panjang piyambak, makatên ugi Anusasanaparwa, anyariyosakên lêlampahan ingkang minôngka panutup, saha pitêdahipun Sang Bisma prakawis wêjanganing darma.

Yudhisthira martuwi dhatêng Dwaraka, nanging Sri Krêsna pinuju sêmadi, pangagêmanipun [pa...]

--- 7 : 295 ---

[...ngagêmanipun] sarwa jêne, katingal agêbyar-gêbyar saking soroting sêsotya nawarêtna, punapadene sulistyaning warninipun Sri Krêsna tribawana botên wontên ingkang animbangi. Sri Krêsna kèndel kemawon, botên paring wangsulan dhatêng aturipun Yudhisthira, pratôndha panjênênganipun pinuju silêm ing dalêm panunggal, mila Prabu Yudhisthira lajêng manêmbah. Saparipurnaning anggènipun sêmadi, Yudhisthira nyuwun supados kajarwanan, kadospundi dene panjênênganipun punika dewa, têka anggêgulang panunggal. Sri Krêsna gumujêng, lajêng ngandika: Sang Bisma angèsthi maringsun, mula ingsun anujokake ciptaningsun marang senapati iku, ciptane Sang Bisma katon sumorot kayadene cahya. Yèn wong manêmbah môngka ciptane angèsthi dewa, dewa iya banjur tumolèh marang wong mau. Manawa wong atine angèlingi dewa, ciptaning dewa banjur katarik. Sri Krêsna pratela supados sadèrèngipun Sang Bisma anilar marcapada, Prabu Yudhisthira puruhitaa bab kawajibanipun ingkang kêdah dipun sumêrêpi. Amargi bilih Sang Bisma, têtungguling bôngsa Kuru sampun oncat saking dunya, sadaya kawruh bab wau ugi badhe sirna. Yudhisthira miturut, nanging Sri Krêsna kasuwun kaparênga angèstrèni anggènipun Prabu Yudhisthira nyuwun barkahipun senapati [se...]

--- 7 : 296 ---

[...napati] ingkang angandhêg sedanipun punika. Sri Krêsna dhawuh amundhut rata titihanipun, lajêng bidhal dhatêng Kurusetra kadhèrèkakên wadyabala agêng. Sang Bisma wontên ing têngah- têngahing Têgal Kuru mangangkah oncatipun saking marcapada, punika sagêda lêstantun taksih angèsthi Sri Krêsna, mila lajêng kinintunan nugraha, ingkang prêlu sami jêngandika sumêrêpi. Sri Krêsna, ingkang priksa batosipun sadaya, sarta dêdunung ing pundi-pundi, punika gêntos-gêntos dipun baktèni, wasana Bisma nampèni wangsulan sih katrêsnanipun Krêsna, saha sang sinukci lajêng angrawuhi baktanipun.baktènipun.

Dupi Wasudewaputra sampun cêlak kalihan Sang Bisma, ingkang sumare sanginggiling kasur jêmparing, sarta pasuryanipun sumilak wêning kadi surya ing wanci sontên, karantên linimputan dening prabanipun piyambak. Krêsna lajêng mrayogèkakên supados Sang Bisma karsaa paring piwulang darma dhatêng Yudhisthira, dadosa paliyasing prihatos ingkang saking anggènipun ngraosakên sirnaning sadhèrèkipun. Wangsulanipun Bisma kalayan anawung raos bêkti, sarta matur dhatêng Wasudewaputra kaparênga paring nugraha. Wangsulanipun Sri Krêsna, sarèhning Sang Bisma kantun sèkêt nêm dintên anggènipun wontên ing marcapada, môngka manawi Sang Bisma [Bi...]

--- 7 : 297 ---

[...sma] sampun uncat saking dunya, sawarnining kawruh ugi badhe katut sirna. Amila tiyang-tiyang wau sami ngêmpal marêk ing ngarsa paduka, punika kapengin mirêngakên wêdharing piwulang darma tuwin kasusilan. Suwawi kaparênga ngandikakên kawruh kasunyatan, sambêtipun kalayan kasusilan kang luhur, saha piwulang yoga, (panunggal). Bisma lajêng matur pitakèn: dhuh guru, piwulang punapa ingkang pantês kula ungêlakên wontên ing ngarsa paduka? Sasampunipun ngandika makatên Sang Bisma kawistara lêsah ing sarira utawi pêtêng budinipun, marêgi saking panangsayaning tatunipun. Lajênging aturipun: pramila prayogi paduka pribadi ingkang amêdharna, supados Yudhisthira, ingkang têtela amêngku ambêg adil, sagêd angsal kawruh, awit amung paduka ingkang wajib anugrahani dhatêng para nugraha. Dhuh Krêsna, kula punika siswa, punapa sagêd amêdharakên piwulang wontên ngarsaning gurunipun. Ing nalika wau Sri Krêsna lajêng matêdhakakên nugraha, têmahan Sang Bisma botên karaos sakit malih. Pangandikanipun Kesawa: dhuh atmajaning Gangga, bêntèring angin, pêtênging budi, luwe sarta ngorong, botên badhe kawasa nangsaya paduka malih. Lah paduka ingkang botên nate surêm ujwalaning kamulyan paduka, paningal sae èngêtan paduka tamtu

--- 7 : 298 ---

botên sagêd kasasaban ing pêpêtêng. Dhuh kang tan kalepetan ing dosa, sunaring panggalih paduka saèstu anêlahi.

Sasampunipun ngandika makatên, Kesawa lajêng anilar Sang Bisma, amargi surya wiwit sêrap, ing gêgana kapiyarsa swaraning gôngsa angrangin, sarta jawah sêkar, sinartan ron ingkang gandanipun arum, mila ing nalika wau Têgal Kuru kalimputan ing gônda arum angambar.

Enjingipun para Pandhawa kalayan Kesawa wangsul dhatêng ing dunungipun Sang Bisma, para narendra sisaning prang, sarta para rêsi kairit dening Naradha ugi sami dhatêng. Minôngka wangsulan dhatêng pitakènipun Sri Krêsna ingkang kalayan têmbung arum, Sang Bisma ngaturakên panuwun, dene ingkang amargi saking sih parmanipun Guwinda, sariranipun lajêng botên karaos sakit, punapadene saliring kawruh sami angêbyuki ing batosipun, ananging punapa darunanipun, panjênênganipun ingkang paring sadaya wau botên kaparêng amêdharakên piyambak, kadosdene guru ingkang amarah siswanipun. Sri Krêsna mangsuli nanging botên sarana têmbung, amung sarana raosing panggalih, ngandika manawi tumrap sariranipun sampun botên wontên ingkang sayogi kangge amimbuhi suwuripun, amargi panjênênganipun punika kamulan saha

--- 7 : 299 ---

wêkasanipun sadaya dumados, karsanipun supados misuwuring baktanipun sagêd sumêbar sajagad, sarta kuncaraning sugêngipun wau botên sagêd sirna, sadangunipun jagad punika taksih wontên. Pamulangipun Bisma bab tataning darma, kados bapa ingkang mulang sutanipun, amargi Sang Bisma botên nate anilar darmanipun, mila inggih amung sariranipun ingkang pantês amêdharakên piwulang darma. Pangandikanipun Bisma: kula badhe nyariyosakên darma, ucap kula punapa cipta kula sampun sami santosa, awit saking barkah paduka, dhuh Guwinda, paduka jiwanipun sadaya dumados. Bisma andangu dhatêng Yudhisthira punapa ingkang dipun kajêngakên, amargi Yudhisthira kagalih sampun sayogi dados siswa. Yudhisthira lantip, sagêd mangrèh pribadinipun, sukci, agung paramartanipun, adil, santosa tuwin sêrêng ing pangudi, dados pantês katampi dados siswa, amargi siswa kêdah mirib kalihan gurunipun, bilih botên makatên, piwulanging guru punika tanpa guna. Manawi siswa botên santosa kasusilanipun, kadospundi sagêdipun piwulang luhur wau kawêdhar kalayan prayogi. Ananging Sri Krêsna ngandika manawi Yudhisthira ajrih nyêlak, amargi rumaos dosa, anyirnakakên lêluhuripun.

--- 7 : 300 ---

Sang Bisma ingkang luhur ing budi, adil saha bakti ing kawajiban, lajêng ngandika sarwi mèsêm, manawi wajibing satriya, kêdah prang sanadyan amêngsah gurunipun, manawi wontên lampah ingkang botên lêrês. Sanalika wau kalayan kaèbêkan raos ngêrês Yudhisthira angurêbi pada, Bisma lajêng ambagèkakên, Yudhisthira kadhawuhan linggih ingkang sakeca. Pangandikanipun: dhuh pêpêthinganing bôngsa Kuru, aja wêdi, takona aja sira sumêlang. (§§ 53-55)

Yudhisthira kapengin mirêngakên darmaning narendra, ing ngriku Bisma lajêng anggêlar kawajibaning ratu ngantos dangu sangêt. Miturut têtuladan kina, wajibing narendra, kêdah dados panglanturing karsanipun Pangeran dhatêng dunya. Ingkang rumiyin piyambak ratu kêdah tumêmên panêmbahipun dhatêng para dewa tuwin brahmana, sarta kêdah ngrampungakên samukawis ingkang dados jêjibahanipun, saha kêdah santosa kêkêncênganipun. Kalanipun wontên pakèwêd, kêdah dipun tikêlana karosanipun, makatên wau wajibing narendra salami-laminipun. Narendra kêdah luhur, jêjêg, tuwin sih, sarta angurmati dhatêng para pinisêpuh kalayan bakti. Pamanggèning tiyang ing salêbêting nagari wêwêngkonipun, dikados anak jalêr ing griyaning bapakipun, têtela [tête...]

--- 7 : 301 ---

[...la] ratu sajatos, manawi para kawulanipun sami têtêp dhatêng darmanipun piyambak-piyambak, ngantos botên angraosi pêjah. Manawi sampun dados jêjibahanipun, sami purun angayomi kalèrèhanipun, atut arukun, miturut, botên nate pasulayan, saha lampah awon. Satriya ingkang makatên lampahipun, punika mardika saking latuning naraka. Yudhisthira matur: ananging punapa wigatosipun, dene ratu kêdah amung satunggal? Dhawuhipun Bisma, ing nguni ora ana narendra, sabên wong padha ayom-ingayoman, ananging barêng wong wiwit gêdhe pêpenginane, ing kono banjur prêlu ana ratu kang ngayomi. Dewa anuli anitahake manungsa kang salingga bathara, dinadèkake ratu, têmbe ana pirang-pirang wong kang gêdhe lêlabuhane, linairake marang dunya manèh prêlu kanggo ratu, dene wong-wong padha dhêmên miturut marang salah siji kang linuwih kautamane mau. Mulane banjur ana unèn-unèn: ratu iku ora beda lan dewa. (§§ 55-59)

Sarêng Bisma sampun anêrangakên kawontênaning sêkawan golongan, sarta lampahing gêsang catur warni, panjênênganipun andhawuhakên, manawi sadaya wau, wit sarta pamanggènipun wontên [wontê...]

--- 7 : 302 ---

[...n] darmaning narendra, sarta narendra ingkang dados pandam pangayomanipun. (§§ 60-66)

Anarsi, (tiyang alit nêdya nata nagari, ngantos panjênêngan nata ugi niyat katata) punika lêlampahan ingkang asor piyambak, sampun ngantos tiyang ingkang dêdunung wontên wêwêngkoning nata lajêng risak dening anarsi wau.

Manawi tiyang kathah sami nandhang sangsara, saking panindhêsipun tiyang ingkang rosa-rosa, lajêng sami mêmujia sagêdipun katurunan satunggaling nata utawi manu, ingkang lajêng kawajiban anata, sarta lumawan sawarnining tindak ingkang kirang prayogi. (§ 67) sasampunipun Sang Bisma angandharakên darmaning narendra, taksih nyariyosakên sakêdhap bab wênang mokalipun. (§§ 68-74) Sang Bisma lajêng dhawuh: bilih narendra punika ingkang nanggêl sagung piawon tuwin kasangsaran ing dalêm kaprabonipun, ingkang witipun saking ratu botên anêtêpi wajibipun, utawi botên sagêd mangrèh dhatêng para kawula. Ing nguni wontên narendra kacêpêng dening satunggaling raksasa, ratu wau sagah badhe miturut sakajêngipun, nanging prajanji manawi nagarinipun sampun ngantos wontên pandung, sampun wontên tiyang awon, sampun wontên tiyang ngunjuk awis (alcohol) sampun ngantos tiyang botên gadhah

--- 7 : 303 ---

agami, sarta sawarnining golongan sami anêtêpana darmanipun piyambak-piyambak. Kêdah amitulungi kabêtahan, amupu tiyang sêpuh, tiyang ringkih, tiyang sakit, sarta pawèstri ingkang botên gadhah anak semah, kêdah prang kangge prêluning tiyang ing prajanipun, adil saha amulyakakên. Raksasa wau kadospundi wangsulanipun, lajêng angêculakên sang prabu. (§§ 55-57)

Sarêng sampun anggêlar lampah-lampahipun amaluya karisakan, (§§ 78-90) Sang Bisma andhawuhakên pêpèngêt, pundi bêbayanipun manawi wontên tiyang ingkang tanpa karosan ngantos katindhês: Hyang Widi amangun pangwasa, awujud dumadèkake narendra, kanggo pangayomane para kang padha ringkih.

Pandulune wong kang ringkih, para muni, utawa ula kang panêmbure amisani, iku kudu kaanggêp ora kêna linawan, mulane aja kongsi mêmungsuhan lan wong kang ora darbe karosan, wong kang ora darbe karosan kudu sira anggêp wong kang tansah nalôngsa, diprayitna aja kongsi maripating wong mau ambrastha ing sira lan darbèkira. Wijining bôngsa kang kobar dening netraning wong ringkih, bôngsa mau banjur curês. Pandulune wong mangkono bisa ambrastha bôngsa nganti ora ana [a...]

--- 7 : 304 ---

[...na] kang kèri. Mula aja pisan-pisan mêmungsuhan lan wong kang ringkih, wong ringkih iku luwih gêdhe saka pangwasane wong kang rosa-rosa. Êndi kang trinajang dening wong-wong kang ringkih masthi yèn tumpês tapis. Yèn wong wus takluk sarta kalah, jaluk tulung môngka ora olèh pangayoman, ratune bakal kaukum sarta kalungsur dening dewa.

Dhuh prabu, aja angimpun kasugihan kang saka amadalake wong kang ringkih-ringkih, diprayitna, murih sira aja kongsi kobar dening netraning wong ringkih, kang murub mangalad-alad kaya andadine alas kabêsmi. Luh kang wutah marga wong pinatèn anak lan rajakayane saka panggawe kang ora adil, kayadene wong ringkih ora ana kang mitulungi, paukumaning dewa banjur anibani ratu. (§ 91)

Sang Bisma lajêng andhawuhakên kadospundi darmaning prajurit, manawi nglampahi prang sampun ngantos kanthi kanêpson utawi sampun ngantos ngorong dhatêng rah. Anggènipun ngangkah mênang sampun ngantos sarana lampah kanisthan, sarta sampun amrawasa mêngsah manawi pinuju kèndêl anggènipun prang. Tiyang tatu kêdah dipun antukakên, utawi dipun upakara, nadyan mêngsah ingkang awon lampahipun kêdah katêlukakên dening kautamèn.

--- 7 : 305 ---

Langkung prayogi sirna gêsangipun, tinimbang angsal kamênangan ingkang sarana tindak kang nistha, makatên lampah darmaning satriya, sanadyan ing paprangan punika ugi piwulang ingkang migunani. (§ 95)

Sanadyan bab kasapisan saking piwulang luhur wau sampun nyariyosakên darmaning narendra miwah para prajurit, ing ngriku ugi kathah piwulangipun ingkang migunani tumrap sadhengah. Kados ta: nalika Sang Bisma amulang kawajibaning narendra kêdah adil sarta santosa, Bisma ugi pratela, manawi kasantosan punika angungkuli sadhengah, awit takdiring tiyang punika kadadosaning pandamêlipun tiyang ing gêsang ingkang sampun kapêngkêr. (§ 56)

Ing jaman samangke asring kamirêngan tiyang mungêl, kasantosan punika tanpa damêl, amargi sadaya punika sampun katata dening karma. Sang Bisma botên nate kaplèsèt anglampahi kalêpatan kados makatên mau, karantên Sang Bisma priksa dhatêng pakartining karma, utawi botên kasamaran dhatêng dayaning kasantosan. Karma ingkang kula ênèni samangke, punika wohing pangangkah ingkang sampun kapêngkêr, mila pangangkahipun tiyang ing gêsang samangke punika sagêd angewahi karma wau. Tiyang sampun ngantos kadosdene golèk mêrang ing dalêm lampahing karma, ananging tiyang punika dumados saking Pangeran, panguwasaning cipta,

--- 7 : 306 ---

pangraos, pêpenginan, tuwin dêrênging manahipun tiyang, punika ugi karmaning manungsa. Ananging ugi tiyang piyambak ingkang andumadosakên punika wau, mila sampun saèstu kasantosaning manah punika agêng dayanipun, kawawa angewahi ingkang awangun ing gêsang ingkang sampun kapêngkêr. Pramila ratu kêdah amangun kasantosaning panggalih. (§ 56)

Ing ngandhap punika pakangsal tumrap sadhengah.

Tiyang punika kêdah santosa, saha kawawa anandhang sadhengah, kawruh saha kagunan ing jaman samangke ngangkah badhe dipun gampilakên, sapanêdhanipun badan dipun pituruti kemawon, sarta giris sangêt manawi ngantos kêkirangan.

Sinaua dhatêng kasantosan, sanadyan botên gampil dipun lampahi, sampun ngantos takluk dening badan, badan andika dipun rèha, kuwawia nandhang kêkirangan, badan punika rencang tumbasanipun manungsa, dados sanès Gusti. Gêsang jaman samangke kathah badan ingkang kirang santosa, kirangipun santosa wau adamêl saya lêsunipun. Suwawi anulada ratu ingkang kacêpêng dening satunggaling raksasa. (§ 77) ratu wau botên ajrih, amargi panjênênganipun sampun anêtêpi kawajibanipun. Ingkang anêtêpi kawajibanipun, punika

--- 7 : 307 ---

botên prêlu ajrih dhatêng punapa kemawon, kalampahanipun tiyang kadhatêngan pakèwêd, punika manawi supe dhatêng kawajibanipun, utawi nglirwakakên wajib. Tiyang botên sagêd kataton dening samukawis, botên wontên pangwasa ingkang sagêd adamêl kawonipun tiyang, sadangunipun tiyang taksih anêtêpi darmanipun. Tiyang rumaos kawarôngka tuwin kawêngku, amargi tiyang priksa dhatêng kalintuning cipta tuwin tindakipun, sarta angêngakakên kontên kangge lêbêting mêngsahipun, môngka tiyang ajrih tinêmpuh. Kainêbna kontênipun, supados sampun kalêbêtan satru.

Sang Bisma ngakêni luhuring anggènipun dados guru, karantên sangking titining pamawasipun dhatêng wujud kalihan gêsang, pangandikanipun: ing layang Wedha wêwarah, yèn mangrèh pribadine iku angungkuli sêsaji, ing mêngko ingsun nêdya nyaritakake bab sêsaji kang ora katarik dening sadhengah, dhuh narendra kang wicaksana, katilingna wêdharing pituduhingsun, amambênga saliring panggawe ala, lire dilêgawa, lan, wêlas asiha, iku kaanggêp sêsaji gêdhe dening para wicaksana, dudu kang anglêlêsu badan. (§ 79)

Piwulang punika katingal condhong kalihan lêlampahanipun [lêlampahani...]

--- 7 : 308 ---

[...pun] Prabu Janaka kalihan Sulamba, pandhita èstri. Sang Prabu ngandika, manawi tiyang mangangge abrit, gundhul, ngangge têkên palunton tiga, (drie dubbele stok) tuwin mandhula, punika panitikan lair ingkang nêdahakên kadospundi gêsangipun tiyang wau, punika botên wontên ajinipun tumrap panggayuh dhatêng kamursidan kang luhur. Kula gêsang wontên ing nagari ingkang mardika, sanadyan kalairan kula kawêngku ing agami, kasugihan, tuwin kasênêngan, ingkang awujud kaprabon miwah pawèstri, ingkang limrah dados bêbandaning tiyang. Tangsul ingkang sangking kaprabon miwah kasugihan kula, sarta talining karêm kula wau sampun kula pagas dening pêdhanging pamambêng, (§ 321) tiyang sagêd sinau amambêng, sarana lair tuwin batos, nanging pamambêng ing dalem batos punika langkung rêkaos. Tiyang botên dados yogi amung sarana pangangge ingkang katingalan, ananging amung sangking jêjêging suksma tuwin pêdhoting tali pêpenginan. Tiyang sagêd dados yogi kalayan pangangge kados punapa kemawon, sarta botên kêdah ngangge panganggening pandhita. Nadyan wontên satêngahing sadhengah tiyang ugi sagêt botên kasêngsêm. Sanadyan gêsangipun mulya, tiyang sagêd botên kabônda dening kamulyan. Nadyan linimputan ing kasugihan, tiyang sagêd botên karaos: iku [i...]

--- 7 : 309 ---

[...ku] darbèkingsun. Amung sujanma makatên wau ingkang kaluhurakên dening dewa, tuwin para wicaksana, ingkang batosipun yogi, punika sajatining Sanyasi. Lare-lare tuwin para nèm-nèman, ingkang sampun katêtangi manahipun dhatêng kasuksman, adhakanipun dêrêngipun punika sêmu murka. Anilar praja dhatêng ing wana, pados sagêt nyèlèhakên awrating kawajiban dunya, wontên ing papan kang sêpi, lairipun gêsang cara ambangun tapa, ingkang kathah botên kasêmbadan panggayuhipun, amargi sanès darmanipun. Ambangun tapa kenging linampahan wontên ing praja, sanadyan marginipun botên gampil. Gêsang wontên ing praja, nanging botên maèlu dhatêng pamilutanipun, lairipun tiyang limrah, nanging batosipun pandhita, makatên wau pangajapan kita ing jaman punika. Wontênipun ing ngriki botên wontên guru ingkang luhuripun langkung sangking Sang Bisma, amargi wujudipun wau nayaka tuwin prajurit, nanging batosipun yogi, botên kalindhih dening kamurkan, wiwit miyos ngantos dumugining muksanipun, tindakipun botên nate nalisir sangking kautamèn.

Ing nalika Sang Bisma amêdharakên darmaning tiyang, lajêng nyariyosakên darmaning tiyang kathah. Suwau Sang Bisma mêdharakên satunggaling [satungga...]

--- 7 : 310 ---

[...ling] darma, ingkang tumrapipun jaman gagrag enggal tiyang kathah sampun botên priksa. Angurmati dhatêng bapa, biyung tuwin guru, punika wontên pamanah kula langkung prêlu. Bilih punika sampun botên dipun manah, sampun botên wontên ingkang prayogi dipun lampahi. Panêmbah, angaji-aji, andhap asor, nalôngsa, punika sadaya dipun anggea dhasaring pambêkan. Satunggaling bapa punika langkung aji tinimbang sadasa upajayas, dene biyung satunggal angungkuli bapa sadasa, utawi bokmanawi langkung aji tinimbang jagad saisinipun. Botên wontên tiyang ingkang pantês nampèni bêkti kados biyung, nanging sangking pamanggih kula, guru punika kêdah kinurmatan sanginggiling bapa, malah sanginggiling biyung. Bapa biyung dados lantaraning anggèn kula maujud, nanging gêsang ing kaswargan, punika nugraha pêparinging guru, gêsang ing kaswargan punika tanpa sangsara saha tan kênaning pêjah. Ing Hindhu gagrag sapunika anggènipun angaosi dhatêng para sêpuh langkung saking nagari sanès-sanèsipun, sanadyan ing antawisipun kita ugi sampun katularan pamanggih kilenan ingkang botên lêrês: mardika. Ananging sih dhatêng tiyang sêpuh utawi tangsul sukci ingkang anggandhèng guru kalihan siswa sampun mèh botên wontên, kalêpatan wau kados sampun limrah

- -- 7 : 311 ---

tiyang sami makatên. Mitunaning guru dhatêng kawajiban kalih warni tumrap siswanipun, kados ta: sih tuwin anênuntun, punika ingkang adamêl pun siswa lajêng botên anêtêpi kawajibanipun angaji-aji tuwin sêtya. Guru salawas-lawase kudu sih bangêt marang siswane, makatên pangandikanipun Sang Bisma bab kawontênaning lêlampahan ingkang dipun lampahi, mila siswa kêdah ngatingalakên panglinggamurda ingkang samêsthinipun dhatêng ing guru. Ananging ing jaman samangke sampun botên wontên guru ingkang têmên-têmên anêtêpi darmanipun, punika kados suka têtuladan ing siswanipun sagêd anêtêpi darmanipun, têtanggêlanipun kang agêng punika wontên ingkang sêpuh, môngka sêmunipun sampun awis sangêt guru ingkang nênuntun sayêktos, awisipun sami kalihan siswa sayêktos. (§ 408)

Satêlasing pamulangipun, guru dibya wau lajêng amangsuli pintên-pintên pitakenanipun Yudhisthira, nanging ingkang kula pêthik wontên ing ngriki amung kalih warni. Prabu anèm nyuwun katrangan bab lampah-lampahing darma. Wangsulanipun Sang Bisma, mênggahing darma punika botên gampil dipun têrangakên sadaya, pramila lajêng kacariyosakên sawatawis, supados tiyang mangêrtos dhatêng pêperanganipun piwulang wau. Mila wêdharing piwulang darma

--- 7 : 312 ---

punika kangge angajêngakên saha adamêl tuwuhipun sadaya dumados, dados ingkang anuntun ajêngipun saha tuwuhipun sadaya punika darma. Darma kawarahakên kangge matêsi kawontênaning dumados, angwontênakên watêsipun satunggal kalihan sanèsipun, pramila ugi darma ingkang angwontênakên watêsan, kangge amatêsi dumados. Anggènipun darma winastan makatên, karantên darma dados pikukuhipun sadaya dumados. Têtelanipun sadaya dumados punika tinuwak dening darma, inggih darma ingkang kawawa adamêl santosanipun sadaya dumados. (§ 109)

Kadospundi tiyang sagêdipun unggul kalihan pakèwêd. Sintêna ingkang botên nate anglampahi cidra, tiyang ingkang watakipun sinimpên wontên ing dalêm wêwêngkoning karahayon, tuwin sintên kemawon ingkang amambêng pêpenginanipun dhatêng kadunyan, tamtu kalampahan sagêd mênang kalayan sawarnining pakèwêd. Tiyang ingkang botên animbangi, manawi kapandukan ing têmbung pangerang-erang, tuwin panyamah, tiyang ingkang botên purun anyêrikakên manahipun tiyang, manawi piyambakipun kasêrikakên manahipun, tuwin tiyang ingkang wèwèh, botên purun jêjaluk, inggih punika sujanma wau ingkang mênang kalihan [kali...]

--- 7 : 313 ---

[...han] sagung pakèwêd. Tiyang ingkang cipta, pandamêl tuwin wicaranipun botên dosa, tiyang ingkang botên damêl piawon dhatêng salah satunggaling dumados, inggih punika ingkang botên kaêndhih dening sakathahing pakèwêd. Sintên tiyangipun ingkang têmên wicaranipun ing dunya ngriki, nadyan wontên ing dalêm kasukan, sarta nêdya anuladhani sadaya dumados, tamtu sagêd mênang kalihan sadaya pakèwêd. Sintêna ingkang botên nate anglampahi cidra, sarta wicantênipun anyênêngakên, saha lêrês anggènipun matrapakên kasugihan, tamtu unggul kalihan sadaya pakèwêd. Sintên kemawon ingkang angluhurakên para dewa, sarta purun mirêngakên piwulangipun satunggal-tunggaling agami, ingkang sêtya tuhu tuwin anglampahi kalayan jênjêming manah, saèstu kalampahan angêndhih saliring pakèwêd. (§ 110)

Kadospundi panampinipun para wicaksana manawi kacêcamah tuwin kapandukan pangerang-erang, pitakènipun Prabu Yudhisthira, para wicaksana kêdah botên maèlu dhatêng wicantêning tiyang ingkang anyênyamah. Punika kaanggêpa kasaenan, kadi kawontênaning têtiba, (wangsiting dewa) ingkang nyumêrêpakên dhatêng têtêmbungan ingkang kirang prayogi. Para wicaksana [wica...]

--- 7 : 314 ---

[...ksana] kêdah kawawa mirêngakên ungêlipun tiyang ingkang taksih rupak budinipun, kadospundi pandamêlipun tiyang ingkang taksih asor manawi kaalêmbana tuwin cinacad, tiyang wau kados gagak ingkang nyuwantên ing wana, babar pisan botên migunani. (§ 114) Kathah tiyang ingkang gêsangipun dipun sêsêdhih piyambak, dening wicantên saha pamikiripun tiyang sanès, ngangkaha tumindak kang jêjêg, sampun pados pangalêmbana tuwin panacad, ananging sangking anggènipun nyumêrêpi dhatêng kêkalihipun wau, ingkang nyumêrêpakên kadospundi prayogining lampahipun. Gêsangipun tiyang kêdah tata, sampun ngantos kasangêtên montang-mantingipun. Tiyang sami pados sae, kasugihan, tuwin kabingahan, kasugihan punika witipun saking kasaenan, môngka kabingahan punika wohing kasugihan. Nalikanipun tiyang angangkah kasugihan kêdah botên supe dhatêng kasaenan, ugi sampun ngantos pados kasênêngan ingkang waragatipun kasaenan tuwin kasugihan. Dosanipun tiyang ingkang lampah sae punika manawi ngangkah epahan, dosaning kasugihan manawi amung dipun simpêni. Manawi dosa kalih warni wau sampun sinukscèn, punika ingkang prayogi. (§ 123)

Prayogi sangêt Sang Bisma anggènipun anêrangkên prakawis [praka...]

--- 7 : 315 ---

[...wis] katêmênan: katêmênan iku kawajiban langgêng, wong kudu angajèni marang katêmênan, marga katêmênan iku pangayomaning wong, katêmênan iku kawajiban, katêmênan iku sêsaji, katêmênan iku lênggahing yogi, katêmênan iku kaananing brahmana. Ana ing piwulang katêmênan iku laku kaananing sêsaji kang luhur dhewe, kabèh iku atêtalês katêmênan, sarupaning kawujudan kang winangun dening katêmênan, iku adil, mangrèh pribadine, ngêgungake paramarta, jêjêg, anênuntun bêcik, sèlèh, mêlêng, aji, kakuatan, wêlasan, sarta ora agawe piala. Panjênênganipun guru wau andhawuhakên, inggih sadaya wau wujuding katêmênan, sarta anêmtokakên: ora ana kawajiban kang gêdhene angungkuli katêmênan, kosokbaline, ora ana piala kang ngungkuli goroh. Wus têtela katêmênan iku têtalêsing bênêr. Yèn katêmênan katimbang lan sêsaji jaran sèwu, iku isih gêdhe nugrahane katêmênan. (§ 162)

Sabên lare Hindhu wajib sumêrêp dhatêng punika, sarta gêsangipun kaangkah sagêdipun kalampahan kados makatên wau. Watak goroh punika adamêl asoripun sadaya watak, botên têmên punika adamêl asoring lare, anjalari

--- 7 : 316 ---

lare wau têlas ajinipun, tuwin karèmèhakên. Lare Hindhu ingkang purun dora punika sanès Hindhu sajati, utawi sanès bôngsa Arya sajati.

Manungsa ing dunya punika agêng kasangsaranipun, dene witing kasangsaran wau sangking kabodhoanipun. Tiyang wau kêpengin dhatêng barang kalairan, môngka witing kabêgjan punika gêsang amanah dhatêng kabatosan. Sumêrêpipun dhatêng pribadi kang mulya, ingkang dados kêkandhanganing katêntrêman, inggih wontên ing pribadi kang luhur piyambak wau, sarta kèndêling sadaya pêpenginanipun dhatêng kadunyan. (§ 174)

Kamlaratan, ingkang sangêt dipun ajrihi dening manungsa, punipunika. amung kawontênan manawi tiningalan saking margi kita, sarta kita sampun mardika sayêktos sangking witing sônggarunggi tuwin pakèwêd. Manawi tiyang sampun têntrêm ing dalêm kang pribadi, sampun botên kêpengin dhatêng samukawis kajawi malarat yêktos wontênipun ing dunya ngriki, sujanma wau tamtu manggih kamulyan. Gêsang ingkang makatên wau lêrês sangêt, inggih punika witipun nugraha, inggih ingkang mardika sangking saliring bêbaya. Margi ingkang sêpi mêngsah punika botên kenging kainggahan dening sintêna ingkang taksih darbe pêpenginan, nanging gampil dipun inggahi dening sintêna [sintê...]

--- 7 : 317 ---

[...na] ingkang sampun sêpi pêpenginan. Manawi kula aningali kawontênaning tri bawana, kados botên wontên tiyang ingkang sami kalihan tiyang malarat nanging suksci gêsangipun, sarta botên sêngsêm dhatêng kadunyan. Sangking pamanah kula, malarat kalihan mangwasani punika pilih wawratipun, malarat langkung aji tinimbang mangwasani, sarta angwontênakên kaluhuran. (§ 175)

Nanging kadospundi sagêdipun tiyang karaos, manawi sampun sagêd pisah pêpenginanipun. Prakawis punika ugi sampun kacariyos ing sêrat kêkidungan, ingkang kinidungakên dening Manki, nalika piyambakipun sampun luwar sangking anggènipun dados boyonganing pêpenginan. Manki kaèbêkan raos kêpengin, dangu anggènipun ngangkah sagêdipun angsal kasugihan, ananging tansah kacidran. Kakantunaning raja darbèkipun lajêng katumbasakên pêdhèt kêkalih, badhe dipun ajari kangge mluku. Ananging sangking lampahing takdiripun, pêdhèt ajrih dhatêng kuldi ingkang langkung sacêlakipun ngriku, mila lumajêng dados kasingsêtan dening dhadhung ingkang kangge anggandhèng pêdhèt kêkalih wau, wêkasan pêjah. Kasangsaran ingkang wêkasan punika ambuka manahipun Manki, pêpenginanipun sirna, manahipun pajar lajêng angidung: sing sapa ngangkah kabêgjan, kudu ambirat pêpenginan, [pêpengi...]

--- 7 : 318 ---

[...nan,] bênêr kaya wêwarahe suka, antarane wong loro kang siji katurutan kabèh pêngarêp-arêpe, sijine nêdya nglilahake sagung pangarêp-arêpe, iya kang nêdya anglilahake iku kang luwih luhur tinimbang kang katurutan, amarga pêpenginaning wong iku ora ana wêkasane. Dhuh jiwaku, wus suwe kaboyong dening pêpenginan, samêngko ngangkaha kamulyaning kamardikan lan katêntrêman. Wis suwe goningsun turu, aku bakal tangi, hèh pêpenginan, sira ora lêstari bisa anyidrani ing aku, êndi kang sira karêpake, sira mêksa supaya aku mituruti, anggung anggagas apa-apa, tanpa lèrèn, sanadyan gampang, apa angèl, karêpe mung kudu olèh, sira tanpa budi, sira iku sasar, tanpa uwis, sira panas kaya gêni, tansah miluta bisane tinurut. Sira ora kêna kinêbakan, kayadene awang-awang, karêpira kang tanpa uwis iku gawe kasangsaranku. Wiwit dina iki sira dak uwalake, hèh pêpenginan, samêngko aku ora gêlêm tatunggalan lan sira. Ingsun wus ora maèlu manèh marang sira, sarta marang pangipukira. Sira sun tundhung bêbarêngan lan kamurkaningsun ingsun kang ing muni manggung karusakan lan tansah kacuwan, samêngko wus olèh pamarêm sajati, batin [ba...]

--- 7 : 319 ---

[...tin] ingsun wus marêm, indriyaningsun wus lêrêm, samêngko ingsun narima sapêpasthèningsun, sarta ora gêlêm anambut karya kang nêdya amituruti pangajapira. Lah sira mungsuh ingsun kang sajati, sira lan sakadadèhanira ingsun pisahake. Ingsun wus bisa unggul, sarana pêdhanging katêntrêman lan mangrèh pribadiningsun, angêgungake apura, wêlas asih kamardikan. Manki wus kapisah lan iku, sarta mênang lan kabèh, rêringkêsanipun. (§ 177)

Pêpenginan punika sagêd sirna dening kawicaksanan, kalampahanipun wicaksana sangking pamêlêng, utawi gêgulang piwulang kayogèn, nadyan kados punapa rêkaosipun kêdah dipun lampahi, sarta Sang Bisma paring pintên-pintên katamtuan, ingkang dumugining samangke taksih agêng pigunanipun, botên siwah kalihan gangsal èwu taun ingkang sampun kapêngkêr. Ing satunggaling panggenan ingkang pakangsal kangge anglêrêmakên manah, ing ngriku yogi anggènipun mangrèh dhatêng indriyanipun, sarta nyawijèkakên pangèsthinipun dhatêng pribadi kang agung ing dalêm pamêlêng, pamirêngipun botên amirêngakên saliring suwantên, botên angraosakên sadaya ingkang anggêpok ing sariranipun, netra botên andulu, datan angênyami saliring raos, sarta angambêt sadaya gônda. Silêm ing dalêm [da...]

--- 7 : 320 ---

[...lêm] pamêlêng, sadaya tinilar, kalayan kêncêng saha bêning ciptanipun anggènipun sèlèh pêpenginan, ingkang anggung adamêl dahuruning pôncadriyanipun, dados sadaya indriyanipun kalêbêtakên dhatêng ciptanipun, indriya saha ciptanipun ingkang botên lana punika ginolongna. Yogi kêdah sabar anggènipun angangkah lananing ciptanipun ingkang tansah angambyang-ambyang wau, murih wiwara gangsal sagêd kalampahan lêrêm, botên kengguh dening samukawis ingkang tansah adamêl ebahipun, tiyang kêdah anuntun ciptanipun dhatêng têlênging batos urut margining pamêlêng, sarta kapisahna sangking badan, utawi pangayoman sanès-sanèsipun. Lampah-lampahing pamêlêng ingkang kula rêmbag rumiyin, amargi sakawit yogi kêdah mangrèh indriya tuwin ciptanipun (sarta katuntun wontên ing margi wau) cipta inggih indriya ingkang ôngka nêm, sadangunipun kaêrèh, sami sanalika cumlorot dhatêng jawi pindha kêplasing thathit ing antawisipun mêndhung. Kadi upamining tètèsing toya ing ron tunjung, manggung mondar-mandir tanpa kèndêl, makatên pêpindhanipun ciptaning yogi nalika sawêg amurwani tinuntun wontên ing margi pamêlêng. Sakêdhap ciptanipun sagêd urut margi wau, ananging sabên cipta nyimpang ngalih saking ngriku, margi katêmpuh ing angin, [a...]

--- 7 : 321 ---

[...ngin,] lajêng sumilir kadi angin. Sintêna ingkang sampun manggèn sadaya kagarap sarana pamêlêng, tamtu botên suda kasudiranipun, nadyan pandamêl awrat tamtu kadugi anggarap sarampungipun. Kabirata sadaya tamas (watak kêsèd) tuwin piawon, cipta dipun wangsulna malih dhatêng pamêlêng. Manawi tiyang sampun nêdya anêtêpi prasêtya anggènipun badhe kèndêl, winiwitan sangking sinau amêlêng, sujanma wau lajêng tuwuh wêwekanipun, tuwuh kawruhipun, saha kalis dening daya piawon. Sanadyan taksih kasangêtên botên lananipun, kêdah dipun lanakakên sarana sabên-sabên anglêlantih pamêlêng. Yogi botên kenging pêdhot pangajêng-ajêngipun. (§ 195)

Sagêdipun sae kadadosanipun punika amung sarana kasantosan, sarta kenging tinamtokakên badhe manggih unggul. Punapadene badhe angsal kabingahan ingkang botên kenging ginayuh dening lampah sanèsipun. Ingkang ngungkuli kadonyan, punika nunggal kalihan pribadi kang jinêm, inggih katêntrêman kang sampurna. Awit sangking sirnaning: pakarêman, tanpa kakêncêngan, rêmênipun, melikan, tuwin kanêpsonipun, ingkang sarana pitulunganing yogi, (pamêlêng) tiyang sagêd anginggahi pucaking kamulyan. (§ 301) sampun botên sêmang-sêmang [sêmang-sê...]

--- 7 : 322 ---

[...mang] malih, manawi margining panunggal punika botên gampil, sampun têtela bilih margi ingkang dipun langkungi dening para brahmana punika botên gampil linampahan. Botên wontên tiyang ingkang rumaos gampil anggènipun lumampah ing margi wau. Margi punika kados wana ingkang gêgirisi, têla-têlanipun isi sawêr tuwin kewan ingkang mandi-mandi, ing pundi-pundi botên wontên toya ingkang kenging kaunjuk, sarta kêbak ri, dados botên kenging dipun langkungi.

Margining panunggal botên siwah kalihan margi ingkang botên wontên tatêdhan, wontên têngahing wana ingkang kajêngipun agêng sampun murup amargi katunu, sarta rêsah amargi kathahing begal, sakêdik sangêt tiyang nèm ingkang rahayu lampahipun ing ngriku. Botên beda kalihan margi ing dunya ngriki, amung sawatawinsawatawis. tiyang ingkang langkung wontên ing margi panunggal punika rumaos sakeca tuwin sênêng. Sintên ingkang langkung ing ngriku, mongka lajêng kanggêg, sarta lajêng wangsul, sarêng sampun lumampah sawatawis têbih, punika kaanggêp tiyang kalêpatan agêng. Dhuh dewaning jagad, tiyang ingkang sampun sukci jiwanipun sagêd sinau nunggal sarana pamêlêng, ingkang kadi landhêping lading panyukuran. Dene tiyang ingkang jiwanipun dèrèng sukci botên sagêd [sa...]

--- 7 : 323 ---

[...gêd] manggèn ing ngriku. (§ 301)

Lajêngipun Sang Bisma amulang Yudhisthira, pintên-pintên kajatènipun kawruh kasuksman kados ta: karma, kawruh kodrad,kodrat (dan di tempat lain). kawruh bab kamanungsan, sarta kadospundi sarananipun tiyang sagêd priksa dhatêng kang Maha Sukci. Ing ngriku dununging bab ingkang adamêl kêdah dangu utawi sabar pamarsudinipun. Kula amung sagêd nyumêrêpi sawatawis dhatêng piwulangipun pintên-pintên wau. Nanging sangking sasêrêpan kula, nadyan amung sarana sawatawis wau, tiyang lajêng sagêd sumêrêp kados punapa luhuring dongènganing paprangan agêng wau. Kadospundi lêbêtipun tuwin kados punapa utaminipun anggèning damêl têtuladan. Karma puni tangsul ingkang anggandhèng sawêrnining pandamêl, ingkang lajêng sagêd urut-urutan satunggal kalihan panunggilanipun, kados sakathahing kolong ingkang gandhèng-gandhengan lajêng awujud rante. Inggih makatên wau têturutaning jalaran tuwin kadadosan, mila sintên ingkang rumagang ing damêl, inggih gandhèng. Punika dumados sangking-- utawi-- ing dalêm pêpenginan, amargi pêpenginan punika juru angwontênakên bêbandan ing dalêm kodrad. Sangking pêpenginan kalampahanipun tiyang gandhèng kalihan salah satunggiling kawontênan, sarta anjalari sabên-sabên tiyang

--- 7 : 324 ---

linairakên malih dhatêng ing panggenan ing pundi sagêdipun tiyang wau katurutan ingkang dados pêpenginanipun. Dados tiyang katangsulan dening kawontênan wau. Pandamêl ingkang linampahan ing badan, badhe anguwoh wontên ing alam wadhag, dene pandamêl ingkang asarana wicara, punika badhe tuwuh wontên ing pundi sagêdipun wicara kawêdhar. Tiyang angundhuh wohipun pandamêl, ingkang tinindakan ing cipta, wontên ing pundi kemawon sadèrèngipun tiyang uwal sangking cipta. Sadangunipun tiyang sêngsêm dhatêng wohing pandamêl, sanadyan pandamêl kados punapa kemawon, nadyan awon punapa sae, inggih badhe pinaringan miturut anggènipun minangkani. Manawi tiyang anglêbêti ilining sagung pandamêl, ing gêsangipun têmbe badhe kaparingakên malih dhatêng tiyang ingkang anglampahi pandamêl wau, dumados ingkang angrasuk badan, punika badhe manggih bêgja sangking pandamêlipun kang sae, ananging sangsara sangking pandamêlipun. (§ 201) Kados upaminipun kawontênan ingkang kadamêl sangking têmbaga, manawi kacêmplungakên ing êmas utawi salaka ingkang sampun kaêjèr, inggih lajêng katularan soroting jêne utawi salaka wau. Makatên ugi satunggal-tunggaling titah gêsang, ingkang babar pisan amung ngatut dhatêng pandamêlipun ing gêsang ingkang

--- 7 : 325 ---

kapêngkêr, ugi pinulas dening watakipun sadaya pandamêl ingkang sampun kapêngkêr. Botên sagêd thukul manawi botên wontên wijinipun, botên wontên tiyang sagêd ngraosakên nikmating kabêgjan, bilih botên anglampahi pandamêl ingkang dados panariking kabêgjan wau. Upami wohing pandamêl, tiyang kalamôngsa amung angundhuh bêgja kalihan cilaka carub. Saliring pandamêl, nadyan awon punapa sae, punika botên sagêd sirna, kajawi amung angraosakên wohipun pandamêl wau. Asring-asring lêstantun bêgja, tuwuh sangking pandamêl sae. Sêsingitan, tuwin kasasaban dening solah ingkang adamêl botên kasumêrêpan, ing dalêm lêlampahanipun tiyang ingkang silêm ing samodraning gêsang, punika ngantos kanggêg kasêdhihanipun. Sasampunipun kasêdhihan wau dumugi wêkasanipun, lajêng wiwit bingah. Kawuningana manawi kadadosaning pandamêl sae wau sampun têlas, ingkang dumados sangking pandamêl dosa punika wiwit katingalan. Mangrèh pribadinipun, apura paramarta, sabar, kêncêng narimah, têmên wicantênipun, botên purun adamêl sakiting manah, botên purun anglampahi awon, saha sagêd, punika anêdahakên kanugrahan. Botên wontên dumados ingkang lêstantun kabônda

--- 7 : 326 ---

wohing pandamêlipun awon tuwin sae. Tiyang botên sagêd angêkap utawi nampèni wohing pandamêlipun tiyang sanès. Sampun têtela, tiyang amung badhe ngraosakên tuwin nyanggi wohing pandamêl ingkang linampahan piyambak.(§ 291)

Ing antawisipun pangandikaning Braspatimanu, ingkang dipun wêdharakên dening Sang Bisma, anêdahakên prakawis kang luhur-luhur, lêlampahan kang mokal, kalihan pintên-pintên dhasaring panampinipun tiyang Hindhu, ing atasing Kang Maha Tunggal inggih sadaya. Sangking Kang Langgêng inggih Kang Esa kang datan ewah gingsir. Panjingipun ing bêbakalan, inggih têturutaning Maha Tatwa, punika kamulanipun ugi sangking Maha Tunggal kang tanpa sisihan, sarta Gusti Maha Tunggal kang andumadosakên sadhengah, punika pinangkanipun, dene sadaya punika kadadosanipun, inggih punika wau kang pribadi, ingkang botên gumêlar. Sangking ing ngriku dumadosipun wontên ing perangan gêsang, inggih pribadi ing dalêm manungsa, dados satunggal ing nglêbêtipun kawontênan ingkang botên gumêlar. Sangking panunggalipun wau tuwuhing ambedakakên, tuwin sangking anggènipun ambedakakên wau lajêng dumadosipun cipta. Cipta kawêwahan [kawêwah...]

--- 7 : 327 ---

[...an] indriya, tuwin indriya gangsal wau sami amangun ingkang sasana ing dalêm badan, dene badan punika winangun sangking tatwa gangsal.

Kadosdene srêngenge anggènipun anyorotakên pajaripun, makatên ugi kang pribadi anggènipun ambuka indriya, lajêng gagêpokan kalihan kawontênan. Kawontênan wau lajêng tinampi dening pangwasaning cipta, lajêng pinilah-pilah. Sami kalihan samukawis dumuginipun manungsa linanturakên dening indriya. Papêthaning cipta punika dumados sangking kawontênan, amargi pangwasaning cipta botên sagêd priksa dhatêng samukawis, manawi botên alêlantaran kawontênan. Cipta amilah-milah kawontênan utawi kawujudan ing mintal (alaming pamikir) kawontênan wau sagêd ugi botên ananduki, utawi sagêd tumanduk bilih laras, lajêng dados kawruhipun, sarta pribadi lajêng animbangi, wêkasan kawruh wau kados kawontênaning batosipun. Luhur radi kados punapa, punika botên sagêd andulu kang pribadi, ugi botên sagêd angsal kawruh sangking pribadi ingkang sarana winulang, amargi botên wontên têmbung ingkang kenging kangge mratelakakên kang pribadi. Kalampahanipun antuk sasêrêpan sangking kang pribadi wau, manawi

--- 7 : 328 ---

ingkang padatanipun kasarawungakên dhatêng kalairan, punika kawalik lampahipun, inggih punika indriya kapisahakên sangking samukawis lajêng katarik wangsul, kadunungakên ing pangrasaning cipta ingkang sumèlèh sayêktos. Pangwasaning pangawruh punika angungkurna samukawis kawontênan ingkang tinampi ing pangwasaning cipta, linanturakên dhatêng kang pribadi. Lampah malik lumêbêt wau, winastan yoga, indriya botên sagêd amitulungi adamêl lêrêmipun pangwasaning cipta, saha adamêl ngrêtosipun pangwaningpangwasaning. cipta dhatêng pangwasaning pangawruh, punapadene pangwasaning pangawruh ugi botên sagêd gumêlar. Pribadi sagêd anguningani sadaya wau. Pangwasaning cipta kêdah sagêd anêlukakên dhatêng indriya, dene pangwasaning pangawruh adamêl sukcinipun pangwasaning cipta. Pangwasaning kawruh kêdah sinucèn, ing ngriku sawêg dumugi kang pribadi. Pangwasaning cipta sagêd kawêdalakên kangge nyarawung sadhengah kawontênan alêlantaran indriya, utawi kawalik lumêbêt kasarawungakên dhatêng kang pribadi, asarana pangwasaning pangawruh. Manawi mêdal punika anjog ing kasangsaran, ingkang lumêbêt dumugi ing karahayon, (202-206) gêsanging karna sagêd mirêng. Gêsanging maripat sagêd andulu, amargi sangking kababaring badan. Watakipun piyambak inggih punika kawruh. Dados [Da...]

--- 7 : 329 ---

[...dos] pirantosing badan, punika sanès ingkang amakarti. Nanging ingkang amakarti punika kang pribadi (§ 210) kadidene angin, têtela botên sagêd karêgêdan dening bêbakalan ingkang binuncang, lêstantun kalis dening punika wau. Makatên kawontênanipun kang pribadi, botên rêgêd dening pakartinipun, sarta pisah kalihan gêsang ing lair, lêstantun wontên ing dalêm kodratipun. Wanci punika ingkang minôngka wiji, dene sadaya punika wohipun. (§ 211)

Prabu Yudhisthira sagêdipun priksa têtalêsing agami kang sajati, sangking gêgêlaranipun Sang Braspati: "sing sapa kang anêtêpi agama kang marah bab wêlas asih, iku pribadine urip, --- sujanma kang panganggêpe marang wong liya kaya marang awake dhewe, lan tanduke marang wong liya mau kaya patrape gone ngupakara awake dhewe, môngka wus sèlèh piranti kang kanggo amidana, lan anêlukake kanêpsone, iku olèh kanugrahan. Aja kongsi gawe apa-apa marang wong liya, kang awake ora rêna upama ginawe mangkono". Makatên wau ringkêsanipun wêwatoning adil, (Anusanaparwa, § 113) Yudhisthira mitêrangakên bab ing jaman samangke tiyang sami botên sumêrêp punapa tiyang kenging [ke...]

--- 7 : 330 ---

[...nging] nêdha daging. Dhawuhipun Sang Bisma, prakawis punika sampun kacariyosakên ngantos angandhar-andhar wontên gêgêlaranipun Sang Bisma, dene pamanggihipun manawi tiyang botên nêdha daginging punapa kemawon, punika prayogi sangêt. Manu ngandika, bilih tiyang botên nêdha daging utawi botên amêjahi titah gêsang, utawi botên akèn amêjahi, inggih punika mitranipun sadaya dumados. Sujanma ingkang makatên botên sagêd kasangsaya dening titah, piyambakipun badhe angraosakên kamulyaning pinitados dening sadaya titah gêsang, punapadene badhe angraosakên nikmating karuntutan saha wêwatoning adil. Maharsi Naradha ingkang ambêkipun adil ngandika, manawi tiyang nêdya adamêl wêwahing dagingipun piyambak sarana nêdha daginging titah sanèsipun, badhe manggih pakèwêd warni-warni, --- tiyang ingkang nêdha daging sarta kangge angagêngakên pamêdalipun sarana pandamêl makatên, anggènipun mangudi dhatêng saliring Wedha, sarta anggènipun adamêl sêsaji, punika sakêdhik sangêt wohipun. Bilih tiyang sampun priksa raosing daging, têtela rêkaos badhe acêgah daging. Têtelanipun botên gampil tiyang ingkang makatên wau anggènipun badhe anêtêpi sêsanggêman bab acêgah

--- 7 : 331 ---

daging. Môngka punika sêsanggêmanipun sadaya dumados manawi badhe ngangkah katêntrêman, sujanma ingkang makatên tamtu sirna ajrihipun. Para wicaksana ingkang adamêl sêsaji, (dhaksya), murih wilujêngipun sadaya titah gêsang, sampun botên sêmang-sêmang malih tamtu badhe kaanggêp juru angsung napasing gêsang ing dalêm dunya. Makatên wau agami kang luhur, ingkang pinundhi-pundhi dening para wicaksana, anggènipun angaosi dhatêng napasing gêsangipun titah sanès sami kalihan gêsangipun piyambak. Sintên tiyangipun ingkang batosipun rêmên misungsung, sarta jiwanipun suksci, pandamêlipun dhatêng titah sanès salami-laminipun kêdah kadosdene pandamêling tiyang sanès ingkang kaajêng-ajêng tampi ing piyambakipun. Kawuningana manawi botên nêdha daging, punika sarana ingkang utami piyambak ing atasing agami, kaswargan tuwin kabêgjan, botên amisakit dhatêng liyan punika agami ingkang luhur piyambak, inggih punika sêsaji kang utami piyambak, inggih luhur-luhuring katêmênan, pokoking kawajiban. Daging botên sagêd pinanggih kaupaya ing rumput, kêkajêngan utawi ing sela, sagêdipun angsal daging punika kêdah amêjahi titah gêsang. Makatên wau wêwadosing piawonipun tiyang nêdha daging. Tiyang ingkang amêjahi, ingkang [ing...]

--- 7 : 332 ---

[...kang] sade tuwin ingkang nêdha, punika sami nandhang dosa. Tiyang nêdha daging sisaning kurban, dados anggènipun amêjahi wau botên saking badhe adamêl ecaning raosipun, punika dosanipun botên agêng. Sadaya daging sanèsipun sisaning sêsaji, punika tamtu saking amêjahi. Pramila tiyang sae botên purun nêdha daging, ing dunya punika botên wontên aji ingkang agêngipun angungkuli ajining gêsangipun, pramila tiyang tansah ngatingalna wêlas asihipun dhatêng gêsangipun saliring dumados, ingkang kados wêlas asihipun dhatêng gêsangipun piyambak. Satriya kenging nêdha daging sangking anggènipun babêdhak, amargi kangge rumêksa ing gêsangipun piyambak, dados adil kemawon tumrap ingkang mêjahi utawi pinêjahan, amargi ingkang mêjahi kêdah pinêjahan, karma badhe amangsulakên pandamêlipun piyambak § ingkang pinêjahan punika kewan ingkang mêjahi kewan sanèsipun. Katrangan saking ingkang anjawèkakên. Sêpi ing kabêngisan punika agami ingkang luhur piyambak. Botên isi watak bêngis, punika luguning mangrèh pribadi, botên bêngis punika pawèwèh ingkang agêng piyambak, kasutapan ingkang mulya piyambak, utawi pangwasa kang luhur piyambak, inggih mitra kang luhur piyambak, kabêgjan agêng piyambak, kasunyatan kang agêng piyambak, utawi piwulang ingkang luhur piyambak. Pawèwèh wujud punapa [pu...]

--- 7 : 333 ---

[...napa] kemawon anggènipun najèkakên, punika sêsuksci ing sawêrnining tirta suksci, tuwin pandamêl lêlados, wontên ing sêrat piwulang winastan angèstokakên dhawuh, sarana misungsung, manawi anggènipun nglampahi wau botên kalepetan ing kabêngisan. Sêsajinipun tiyang ingkang sampun sêpi kabêngisan, punika tanpa upami kamulyanipun. Sujanma ingkang ambirat kabêngisan, inggih punika bapa babuning sadaya dumados. (§§ 115-116)

Sarêng wontên ingkang pitakèn bab gustining bawana, Sang Bisma lajêng anyêbut asma dhomas, sêsilihipun Wasudewaputra, (§ 149) sarêng sampun ngandika sawatawis malih lajêng kèndêl, dados kawontênaning piwulang luhur sampun tamat. Sarêng pangandika ingkang bêning sarta cêtha wau sampun kèndêl, lajêng tidhêm prêmanêm botên wontên walang alisik, sadaya para narendra botên mobah-mosik, kadidene rêca. Sangking dhawuhipun Sang Wiyasa, Sang Yudhisthira lajêng badhe kundur angadhaton, piwêlingipun Sang Bisma: manawa wus têkan ing wanci goningsun anguncati dunya iki, sira balia: prabu, wanci goningsun aninggal sariraningsun, besuk manawa surya wus pêntog lakune ing iring kidul, banjur malik mangalor. Sasampunipun Yudhisthira

--- 7 : 334 ---

manguswa padanipun Sang Bisma, lajêng pangkat kundur dhatêng Astinapura, lêrêm ngantos sèkêt dintên, inggih punika surya wiwit lumampah mangalèr, dados cêlak kalihan wanci pangkatipun Sang Maharsi Bisma. Ing nalika wau Prabu Yudhisthira dhawuh mirantos saupakartining ambasmi kunarpanipun atmajaning Gangga. Saparipurnaning anggènipun tata-tata, arak-arakan agêng ingkang badhe miwaha pambêsmining layon lajêng bidhal. Sawarnining sajèn ugi sampun kasadhiyanan, rawuhipun Prabu Yudhisthira, Sang Bisma sampun karêrompa dening Wiyasa, Naradha, Dhewala, tuwin Asita, sarta para narendra sisaning kang sami sirna ing palagan. Yudhisthira amarêpêki sang senapati ingkang wontên sanginggiling jêmparing, lajêng anyungkêmi pada, sarwi matur bilih sampun ambêkta sadaya ingkang badhe kangge amiwaha tindakipun. Sang Bisma ambuka paningalipun, lajêng anganthuki dhatêng Prabu Yudhisthira ing sêmu sakalangkung sih sarta lajêng ngandika: samêngko wus têkan wancine. Sasampunipun ngandika makatên Sang Bisma lajêng anolèh Prabu Drêtarastra, dhawuh supados trêsnaa dhatêng sutanipun Pandhu, sarta sampun kalajêng-lajêng anggènipun mrihatosakên sirnaning para putra, amargi Pandhawa tamtu sêtya tuhu anggènipun angladosi, tuwin sami angluhurakên sang prabu. Ing ngriku Bisma [Bi...]

--- 7 : 335 ---

[...sma] lajêng tumingal dhatêng Risang Wasudewaputra, panguwuhipun dhatêng Sri Krêsna kadi dhatêng Kang Maha Luhur, inggih dewaning dewa: dhuh ratuning sadaya kumêlip, kula kauntapna, dhuh Krêsna, kajurungana anggèn kula anilar dunya punika, dipun lastantuna anggèn kula nilar kuwadhagan. Manawi saking idi paduka, saèstu kula sagêd dumugi pucaking kamulyan. Pangandikanipun Krêsna ingkang pindha aruming suwantênipun gôngsa, ingkang tansah kaajêng-ajêng ing akathah salêbêtipun kèndêl, samangke wiwit kawêdhar: dhuh kang minulya Sang Bisma, kula jumurung, suwawi pukulun, mugi lajêng pangkata, dhatêng prajaning para wasu. Dhuh, dhuh, panduka ingkang misuwur ing jagad, têtela panduka dèrèng nate anglampahi dosa wontên ing dunya. Dados Bisma sampun kamulyakakên dening Sang Kesawa, sarta sampun kapangandikakakên dening ingkang botên kasamaran dhatêng saliring lêlampahan, manawi Sang Bisma botên kalepetan ing dosa. Sang Bisma lajêng pamitan dhatêng para mitranipun ingkang sami anguntapakên, Yudhisthira ingkang minôngka panutupipun. Napas katarik tumaruntun urut cakram, sadaya kinukut wontên ing mirah, (sahasrana) ungguling atmanipun, sarira wangsul kadi badaning bayi, kanin tuwin gèthèking sarira sirna tanpa tilas, sarta cahya sumunar kadêdêl dhatêng mastaka sinurung [si...]

--- 7 : 336 ---

[...nurung] ing napas, bêblês anggayuh gêgana, sanalika wau sêkar dhumawah saking awang-awang kadi gumrujuging jawah ing môngsa rêndhêng, sarta kapiyarsa kidung panglinggamurdaning para dewa, inggih ing nalika punika panunggalipun Santanuputra kalihan kang asipat langgêng.(§ 166-168)

Bab IX Lêlampahan Kang Wêkasan

Saparipurnaning anggènipun angêsokakên sasanijipunsêsajinipun. ing lèpèn Gangga, Prabu Yudhisthira lajêng nêdya kundur, nanging sangking sangêting rudatosipun, sang prabu lajêng dhawuh wontên ing têpining lèpèn, kadosdene dipangga ingkang kenging jêmparinging tuwaburu. Sang Guwinda inggal anglipur ingkang sawêg karêrantan, sarta dhawuh manawi kasêdhihan sangking anggènipun anggalih dhatêng ingkang sami sawarga punika adamêl sangsaranipun, Sang Wiyasa dhawuh supados Prabu Yudhisthira adamêl Aswa Wedha, mila parwa punika kanamèkakên makatên. Punapadene kadhawuhan anggêganjar, sarana kalih warni wau ingkang sagêd dados pambirating prihatosipun. Yudhisthira matur manawi gêdhonging rajabrana kothong, môngka dèrèng sagêd angindhakakên pajêging nagarinipun ingkang sawêg kamlaratan punika. Nanging Sang

--- 7 : 337 ---

Wiyasa lajêng ngandika, bilih sariranipun manggih pasimpênaning rajabrana agêng ing Imalaya. Têtilaranipun satunggaling narendra ingkang mêntas adamêl sêsaji, ingkang lêlampahanipun ugi lajêng dipun cariyosakên dening Sang Wiyasa. Anggènipun Kesawa badhe adamêl lêrêming rudahipun Prabu Yudhisthira, lajêng amêdhar piwulang, manawi tiyang sagêd pisah saking kasêdhihan sarana mangrèh ciptanipun, dhawuhipun: Yudhisthira samangke sampun wancinipun andika prang wontên paprangan, ingkang sabên tiyang kêdah angawaki prang piyambak, ing paprangan wau tiyang botên prêlu ngangge jêmparing, botên mawi kanthi, tuwin botên prêlu mawi wadyabala. Paprangan ingkang kêdah linampahan ijèn wau, sampun andhatêngi andika, manawi andika kasoran wontên ing paprangan wau, andika badhe dhumawah ing kasangsaran agêng, dhuh atmjaning Kunthi, samangke andika sampun priksa, lajêng katindakna, jêngandika badhe rahayu. Ing nalika wau Yudhisthira lajêng amêrangi prihatosipun, sakalangkung panuwunipun dhatêng Sang Kesawa. Sadumugining Astinapura, Prabu Yudhisthira lajêng anglampahakên kawajibanipun. (§ 14)

Sri Krêsna kalihan Sang Arjuna, lajêng anginggar-inggar dhatêng pasitèn-pasitèn ingkang nêngsêmakên (§ 15) ing satunggaling dintên [dintê...]

--- 7 : 338 ---

[...n] Arjuna kèngêtan manawi kasupèn dhatêng piwulanging dewa mitranipun ingkang kawêdharakên nalika badhe têmpuking prang, mila matur supados kêparêng angambili pamulangipun, wangsulanipun Wasudewaputra sêmu sêrêng, sarta anêtah dene Arjuna kasupèn dhatêng wêdharing kasunyatan ginaib kang langgêng, ingkang kawêdharipun saking anggènipun yoga. Nanging Sri Krêsna lajêng kêparêng nyariyosakên dongèng kina, lêlampahanipun satunggaling brahmana ingkang kadhatêngan dewa awiraosan prakawis kamajêngan, wiraos wau winastan: anugita ingkang misuwur. (§ 16-51) ing ngriku nyariyosakên kados Sri Krêsna amulang Arjuna, ingsun iki juru mulang, lan wêruh yèn suksmaning manungsa iku siswaningsun. Inggih punika piwulang ginaib ingkang ing têmbe mêsthi sami andika parsudi.

Samantên Sri Krêsna kumênyut ing galih badhe kundur, mila lajêng minggah ing rata kalihan Sang Arjuna dhatêng Astinapura. Sadumugining kadhaton kapapagakên dening Prabu Yudhisthira kalayan suka pirênaning panggalih, ing ngriku Sri Krêsna pamit dhatêng Pandhawa tuwin Kurawa manawi badhe kundur dhatêng Dwaraka kalayan ambêkta kang rayi Dèwi Sumbadra. Sadumugining prajanipun Sri Krêsna kasambut kalayan gênging kabingahan. Sri Krêsna lajêng nyariyosakên kawontênaning [ka...]

--- 7 : 339 ---

[...wontênaning] paprangan agêng, sarêng cariyosipun wau dumugi pêjahipun Abimanyu, Sang Wasudewa punapadene Dèwi Dewaki sami singkêl ing galih. Sri Krêsna kèndêl anggènipun ngaturakên kawontênaning Têgal Kuru, amargi wêlas aningali prihatosing rama ibu, wêkasan lajêng nyariyosakên kasudiraning panggalihipun Dèwi Kunthi, nalika kataman panandhang kang gêgirisi, tuwin anggènipun anglipur mantu wayah pawèstri. (§§ 52-61)

Anyarêngi lêlampahan ing nginggil, Prabu Yudhisthira ingkang wontên ing lêbêting kadhaton Ngastina, saking dhawuhipun Wiyasa, lajêng tata- tata anggènipun badhe adamêl Aswa Wedha, mila lajêng pangkat dhatêng Imalaya, kadhèrèkakên dening para ari sarta wadyabala agêng. Sasampunipun amêmuji ing Bathara Mahadewa, lajêng amiwiti andhudhuk pêndhêmaning rajabrana. Pintên-pintên sêsotya nawarêtna sarta samukawis yêyasan ingkang saking kancana, sadaya lajêng kabêkta kundur dhatêng Astinapura (§§ 62- 65). Salêbêtipun sami mirantos saupakartining sêsaji kapal, Sri Krêsna wangsul dhatêng Astinapura, karantên sampun andungkap lairipun Bimanyutanaya. Botên watawis dangu kalihan rawuhipun Sri Krêsna bayi lair, ananging lair pêjah, saking [sa...]

--- 7 : 340 ---

[...king] bramastranipun§ dêdamêlipun Hyang Brahma. Aswatama, Sri Krêsna gupuh-gupuh lumêbêt ing kadhaton, ing ngriku pinanggih Dèwi Kunthi, Sumbadra tuwin sanès-sanèsipun sami udrasa, lajêng nyuwun lumunturing sihipun Sri Krêsna. Sumbadra kalayan waspanipun amarawayan, ngèngêtakên kasagahanipun kang raka, anggènipun badhe anggêsangakên bêbayi ingkang ajal sangkaning lair wau, sarta matur ngasih-asih: kasagahan panduka katêtêpana, bilih panduka kaparêng paring pitulung, sabên wontên tiyang pêjah, ing dalêm wawêngkoning alam têtiga: (tri bawana) punika, saèstu panduka kawasa anggêsangakên malih. Kadospundi ingkang kêdah kula aturakên, prakawis bêbayi sutanipun jalêr kadanging pawèstri Sang Usa, dene lair sampun ajal. Sri Krêsna lajêng lumêbêt ing kamar, Untari lênggah kalayan ambopong putranipun ingkang ajal, sarêng priksa Sri Krêsna lumêbêt lajêng angurmati kalihan sangêt rudahing panggalih, matur nyuwun lumunturing sihipun. Dèwi Untari angatag putranipun kang sampun palastra sangkaning lair wau, supados lajêng sumêmbah dhatêng Sang Kesawa, panggalihipun dipun santosakakên, murih sagêd sabar angêntosi sihipun sang awatara. Panjênênganipun ingkang kaèbêkan [kaèbê...]

--- 7 : 341 ---

[...kan] sih, lajêng andhawuhakên pangandika: lah Untari, ingsun durung tau angucapake wicara kang ora nyata, pangandikaningsun pasthi katumusan, ingsun bakal anguripake manèh bêbayi iki, dimèn bisa manjing pasamuwaning dumadi, ingsun ora tau sêmbranan, ingsun asih bangêt marang adil, ingsun asih bangêt marang para brahmana, sutane Abimanyu kang mati, sangkaning lair sun uripake manèh, pamitraningsun lan Wijaya (Arjuna) durung tau ana gangsule, dadi uripe manèh bêbayi iki saka pangwasaning kasêtyan, têtela yèn kasunyatan sarta adil iku pinangkane saka batiningsun, iku kang bakal anguripake manèh sutane Abimanyu saka anggone mati. Kayadene Kôngsa lan Kèsi, wusana adile mati dening ingsun, sutanira bakal urip dina iki saka pangwasaning adil.

Satêlasing pangandika ingkang kaèbêkan sih wau, bêbayi gêsang, wiwit ebah sarta anyuwantên kadi atur panglinggamurda, sarta bingahing manah, wujudipun anjêrit sarwi karuncalan. Lare kanamèkakên mirid kawontênaning môngsa, pangandikanipun Sri Krêsna: karana laire sutane Abimanyu mau ambarêngi wanci andungkap andhêging rodha, mula sun paringi

--- 7 : 342 ---

aran Parikêsit. Para Pandhawa dhatêng kalihan ambêkta rajabrana ingkang kapêndhêt saking Imalaya. (§§ 66-70)

Anggènipun sami adamêl sêsaji kapal sampun samêkta, Sang Arjuna ingkang piniji rumêksa angêngèn kapal ingkang badhe kasajèkakên, ingkang kapilih kapal cêmêng warninipun bagus, Prabu Yudhisthira kajibah angladosakên sêsaji, mila lajêng angêculakên kapal wau kaumbar kemawon sakajêngipun kapal. Arjuna ingkang angêtutakên kalihan anitih rata pangirid kuda pêthak kados padatanipun, pangkatipun kaurmatan ing surak mawurahan miwah pamuji. Kalunta-lunta lampahipun Arjuna ngantos dumugi karajan ing Manipura, ratu ing Manipura punika putranipun Arjuna. Sang prabu amapagakên rawuhipun kang rama, sarêng sampun cêlak sang prabu mêndhak lajêng manêmbah. Nanging Sang Arjuna lajêng ngandika sêmu botên karênan, kadospundi dene kados pawèstri, botên anglênggahi kasatriyanipun, manawi satriya kêdah prang anglabêti makuthanipun. Dèwi Ulupi, putrining Taksakaraja, mêdal saking kadhaton mangatag dhatêng kang putra Sang Prabu Wabruwahama supados amangun prang mêngsah kang rama. Lajêng wiwit bôndayuda sakalangkung rame, ing ngriku Prabu Wabruwahama katingal kasudiran miwah kawasisanipun, dahat [daha...]

--- 7 : 343 ---

[...t] adamêl rênaning panggalihipun Sang Arjuna. Wasana Arjuna dhawah kataman jêmparing, ingkang patitis panyipatipun. Kang putra sakalangkung kodhêng, sarêng priksa kang rama gumuling ing siti. Kang ibu Dèwi Citragada, inggal marêpêki, lajêng andukani Dèwi Ulupi, dene ambêbangus kang putra supados lumawan kang rama, dhawuhipun, Dèwi Ulupi badhe kalampus sarana botên kaparingan dhahar, bilih Ulupi botên maluyakakên dhatêng Arjuna. Sang Prabu Jaka saking dahat èmênging panggalihipun lajêng matur dhatêng ibu, prasêtya badhe anganyut tuwuh sarana botên dhahar, manawi kang rama botên dipun sugêngakên malih. Dèwi Ulupi kèngêtan dhatêng musthika ingkang kasinungan pangwasa agêsangakênanggêsangakên. pêpêjah, musthika kawêdalakên sarana dayaning puja. sDèwi Ulupi lajêng dhawuh dhatêng kang putra, manawi sajatosipun sang prabu botên sagênsagêd. ngawonakên Arjuna, amung saking cidraning paningalipun mila Arjuna katingal lena. Mila manawi manik pinasthika wau katumpangakên ing pranajanipun kang rama saèstu badhe waluya jatining nguni. Ing ngriku kang putra sumêmbah, ing sêmu sangêt kagawokan, matur kadospundi dene sakalangkung anèh. Dèwi Ulupi ngandika, manawi Sang Arjuna kenging sotipun para wasu, dene Arjuna anggènipun [anggèni...]

--- 7 : 344 ---

[...pun] anyirnakakên Sang Bisma punika botên salêrêsing tiyang prang. Sariranipun sakalangkung prihatos, nyuwun pitulunganipun kang rama supados nyuwunakên pangaksama, para wasu kêparêng, ananging ngandika manawi Sang Arjuna badhe katiwasan dening putranipun piyambak, ing ngriku lajêng luwaripun Sang Arjuna saking sotipun para wasu, amargi kalêpatanipun sampun kaukum. Sawungunipun Sang Arjuna lajêng dhawuh supados kang putra ugi angèstrèni anggènipun sêsaji. Sarêng sampun dipun sandikani, Sang Arjuna nglajêngakên lampahipun, puwara Arjuna priksa bilih sampun dumugi sacêlaking tembok Astinapura, lajêng sami asung pambage karahayonipun, dene Sang Arjuna sampun angrampungakên kawajibanipun. (§§ 71-81 kaca: 208).

Kados punapa kathahing rajabrana ingkang kangge waragading sêsaji, sawarnining gapura, cagak pasrèn, jêmbangan tuwin sanès-sanèsipun, sami kadamêl saking kancana, saha maèwu-èwu jêne kêthokan ingkang kapisungsungakên dhatêng Sang Wiyasa.

Rampunging panyantunipun dhatêng basa Jawi wanci jam 3 sêlangkung mênut. Ing Sidasrama 27 Juli 1924.

--- 7 : 345 ---

Aturipun ingkang ngêdalakên sêrat punika.

Nuwun, kasbut ing pariwara kula ingkang kaêwrat wontên ing Sêdyatama ôngka 102 tanggal 8 Mèi 1926 ing ngriku nyêbutakên manawi dumugi satamatipun kintên-kintên wontên wolung jilid. Rèhning kintên-kintên makatên dèrèng nama têtêp, sagêd langkung utawi kirang, mila para ingkang sampun sami mundhut kanthi ambayar lunas langkung rumiyin, mugi sampun sami cuwa ing panggalih, dene dawêg dumugi jilid VII Mahabarata sampun tamat, ingkang makatên wau muhung saking mlèsèting pangintên-intên. Kajawi punika mênggah ing rêgi 1 stèl f 4,50 manawi kapetang kalihan rêgining buku ing dalêm satunggal buku f 0,65 inggih taksih nama bathi f 0,25 punapa malih tumrap ingkang sampun bayar rumiyin namung f 3,50 inggih nama sampun angsal kamayaran kathah. Kajawi punika isinipun jilid VII punika wontên 56 kaca, dados langkung 8 kaca tinimbang ingkang sampun-sampun, mila rêginipun tumrap eceran ugi lajêng kaindhakakên dados f 0,85 satunggal buku.

Awit saking punika mugi sami angêgungakên ing pamêngku, saha andadosna ing kauningan.

Drukkerij,,SWASTIKA"

---Pasarpon - Solo. Telf. 430.---