Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Rara Kandrêman, Kuswadiarja, 1916, #533

Katalog:Rara Kandrêman, Kuswadiarja, 1916, #533
Sambung:-

Prijs franco per post f. 8, 48 Verkrijgbaar bij het Depot van Leermiddelen te Weltevreden tegen toezending van een postwissel tot genoemd bedrag.

--- 0 ---

Cariyosipun Rara Kandrêman, Kasambêtan Dongèng Tigang Warni

Karanganipun Mas Kuswadiarja Guru Bantu Ing Adiwarna

Wêwênangipun ingkang nganggit sêrat punika kaayoman dening anggêr taun 1912 bab karang-karangan.

Sêrat punika inggih kenging katurun, kaêcap utawi kaanggit malih, ananging kêdah wontên sêrat palilah saking Commissie voor de Volkslectuur sarta kêdah katêrangakên kapêthik utawi kapirid saking sêrat punapa.

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun Papirus Batawi 1916.

--- 3 ---

Bêbuka

Manawi kula nitik kawontênanipun sêrat-sêrat utawi dêdongenganipun tiyang sêpuh-sêpuh, têtela sangêt bilih tiyang ing jaman kina punika kathah ingkang gadhah kaelokan. Punapadene kathah ingkang gadhah sabda pêpali ingkang sapriki linuluri ing akathah, saha ajrih yèn anêraka pêpali wau.

Tôndha yêktinipun kathah sangêt patilasanipun tiyang kina ingkang botên kenging ginagampil, wah malih kathah tiyang ingkang sami angluhurakên dhatêng pêpali, kados ta: wontên satunggiling turunan ingkang botên kenging ngangge ikêt wulung, sawênèh wontên ingkang ingawisan nêdha ulam lêmbu, tuwin wontên satunggiling dhusun ingkang botên kenging ngangge kapal plôngka, wontên malih botên kenging anggêntang mawi lêsung. Karoncèn manawi katêrangna sadaya.

Kala rumiyin kula dipun dongèngi tiyang sêpuh kados ing suwalik punika:

--- 4 ---

Cariyosipun Rara Kandrêman

Ing dhusun Mangge rèh dhistrik Samarata Asdheling Panaraga wontên satunggiling rêdi alit (gumuk) punika wontên lèpènipun lumêbêt ing rêdi wau, saking kilèn rêdi mangetan dumugi wetan rêdi.

Kajawi punika wontên bolonganipun manginggil dumugi ing pucak, kathahipun kalih iji (kados kawah), dene mula bukanipun makatên:

Kacariyos ing jaman kina wontên tiyang anama: Ki Agêng Mangge, kalihan Ki Agêng Mangli. Ki Agêng Mangge punika adêdunung sawetaning rêdi, Ki Agêng Mangli wontên sakilèn rêdi.

Kacariyos Ki Agêng Mangge kagungan putra satunggil, nanging èstri. Punika endah ing warni, anama: Rara Kandrêman.

Ta, mangkana, Ki Agêng Mangli mirêng pawartos manawi Ki Agêng Mangge kagungan putra èstri ingkang endah ing warni, sanalika lajêng kasmaran. Siyang ratri namung anggagas badhe sagêdipun priksa dhatêng putranipun Ki Agêng Mangge.

--- 5 ---

Wasana tuwuh ing gagasaning galihipun wau, lajêng mêdal kapurunanipun, ciptaning wardaya makatên: Yèn ta aku arêp wêruh marang suwarnane kang dadi têlênging atiku, kaya-kaya kangelan bangêt, awit putrane Ki Agêng Mangge iku mêsthine piningit, mulane luwih bêcik dak têmbunge kaparênga dadi têtimbanganku.

Kacariyos Ki Agêng Mangli lajêng nglampahakên duta cantrikipun, dhatêng ing Kamanggèn.

Cêkaking cariyos pun cantrik sampun dumugi ing wetan rêdi, sowan ing ngabyantarèng Ki Agêng Mangge, matur yèn dinuta Ki Agêng Mangli, sarta mratelakakên punapa sasêdyanipun Ki Agêng Mangli. Satêlasing aturipun cantrik, Ki Agêng Mangge ngandika: dadi lakumu iki lêloma têng ambêbêlok angêlamar.

Aturipun cantrik: Nun inggih, kyai.

Ki Agêng Mangge: Prakara panjaluke dhi Agêng Mangli, aku nyarah bae. Nanging salêbêting panggalih anampik, pramila ngandika malih makatên:

Sarèhning anakku mung siji, aku biyèn duwe kêkudangan: [kêkudanga...]

--- 6 ---

[...n:] Sapa-sapa kang bisa ngilèkake banyu kulon gunung mênyang latarku, mêtu sangisoring gunung, bisa rampung sajroning sawêngi, aja nganti kêbyaran, iku dadya jatukramane. Mung iku panjalukku cantrik.

Sarêng sampun têlas pangandikanipun Ki Agêng Mangge, pun cantrik pamit wangsul. Saurut margi wicantên salêbêting manah makatên: Pèndèk lakuku kiye ora olèh gawe, sabab Ki Agêng Mangge pundhutane ora muphakat. Apa bisa, banyu kulon gunung kon ngilèkake marang wetan gunung sajroning sawêngi, môngka gunung samene gêdhene, la, bok wong satus môngsa bisaa rampung sêpasar: ora, bok cêkak bae ora awèh, ngono bae rak uwis, wong arêp nampik bae kok kakehan têmên reka. Sigêg.

Kocapa Ki Agêng Mangli ingkang angajêng-ajêng dhatêngipun cantrik, kalihan rêngêng-rêngêng makatên:

Baya bundêr: bibi munggwing bèji, kunir pita mirah saupama, tulusa katêmu dhewe, palwagni dhuh wong ayu, talês ingkang munggwing taritis, kèpi sajroning nendra, [ne...]

--- 7 ---

[...ndra,] kumpul lawan ingsun, pênjalin gitik turôngga, adhuh baya yèn ta iki wus pinasthi, pan dadi jodhoningwang.

Sawêg samantên kasaru dhatêngipun cantrik ingkang asêmu suntrut. Lajêng gupuh pandangunipun: Lo, kowe cantrik, kapriye, dene têkamu suntrut bae, apa ora olèh gawe. Atur wangsulanipun cantrik: Kyai, kula kauutus dhatêng Kamanggèn inggih sampun. Saha angsal damêl, nanging prasasat botên. Pramila kula matur angsal prasasat botên angsal, makatên pangandikanipun Ki Agêng Mangge: cantrik, prakara panjaluke dhi Agêng Mangli, aku nyarah bae, nanging sarèhne anakku mung siji, aku biyèn duwe kêkudangan, sapa-sapa kang bisa ngilèkake banyu kulon gunung mênyang latarku, mêtu sangisoring gunung, bisa rampung sajroning sawêngi aja nganti kêbyaran, iku dadi jatukramane. Mung iku panjalukku, cantrik.

Ya ta Ki Agêng Mangli mirêng aturipun cantrik, lajêng ngandika: Dadi mêngkono cantrik, pangandikane Ki Agêng Mangge. Ya wis ta, sesuk-esuk kowe mênyanga Kamanggèn manèh, [ma...]

--- 8 ---

[...nèh,] matura yèn pamundhute Ki Agêng arêp dak lêksanani. Sarta karêpku besuk malêm Sukra Manis kang cêdhak iki dak garap. Dak pasthèkake ing dina malêm Sukra iku, sadurunge byar raina, banyu wis têkan kana angiring ing lakuku.

Kacariyos enjingipun cantrik sampun ngadhêp Ki Agêng Mangli, lajêng kadangu: Cantrik, kowe apa ora kalalèn kandhaku wingi kae. Aturipun cantrik: Nun, botên, Kyai. Ya, wis tumuli mangkata. Cantrik bidhal. Lampahipun cantrik wontên margi botên kacariyos.

Gantos kacariyos ing Kamanggèn. Ki Agêng Mangge, sawêg lênggah ing pandhapa, angagas bab pamundhutipun dhatêng Ki Agêng Mangli. Bokbilih Ki Agêng Mangli sagêd anglêksanani, kados pundi panolakipun amurih sandening sêdyanipun Ki Agêng Mangli.

Sawêg samantên panggagasing galihipun, kasaru dhatêngipun duta saking Kamanglèn. Duta klilan lajêng lumêbêt ing pandhapa. Pangandikanipun Ki Agêng Mangge: Apa padha slamêt lakumu [la...]

--- 9 ---

[...kumu] lan kang kari ing omah, cantrik. Aturipun cantrik: Nun, pangèstu panjênêngan, lampah kula miwah ingkang kantun ing griya sami wilujêng.

Kajawi punika wigatosing lampah kula, sapisan nyaosakên bêktinipun kêng rayi, Ki Agêng Mangli. Kaping kalih nyaosi priksa bilih pamundhut paduka kyai, badhe dipun lêksanani, nênggih benjing malêm Sukra Manis ingkang cakêt punika, sadèrèngipun êbyar raina, sampun katamtokakên toya dumugi ngriki ngiring Ki Agêng, pramila paduka kyai kaaturan tata-tata.

Ya ta Ki Agêng Mangge sarêng mirêng aturipun cantrik, sangêt rudatosipun, nanging sinamudana ing pangandika, makatên dhawuhipun: Ya wis cantrik, bangêt pranrimaku, sarta taklimku marang dhi agêng, ya. Cantrik kalilan wangsul.

Saunduripun cantrik, Ki Agêng Mangge sampun manggih rekadaya paekan, mênggah paekanipun wau badhe kacriyos ing wingking.

Cinêndhak lampahipun cantrik, sampun dumugi ing Kamanglèn, ing waktu punika Ki Agêng Mangli pinuju wontên ing sanggar [sang...]

--- 10 ---

[...gar] palanggatan, amuja sêmadi. Pun cantrik ugi lajêng têrus minggah ing palanggatan, linggih ing pêngkêranipun Ki Agêng Mangli, ragi kapara têbih, sarêng Ki Agêng bakda sêmadi, lajêng jumênêng, priksa dhatêng pun cantrik, pangandikanipun: Lo, kowe cantrik, apa wis suwe têkamu, rak iya slamêt ta, lakumu. Aturipun cantrik: Saking gênging pangèstu paduka, inggih wilujêng, punapadene kula kautus dhatêng Kamanggên, inggih sampun.

Dhawuhipun raka ijêngandika Ki Agêng Mangge makatên: ya wis cantrik, bangêt panrimaku, sarta taklimku marang dhi agêng, ya. Kula lajêng kalilan wangsul. Ki Agêng Mangli ngandika: Cantrik, ngasoa. Suk malêm Sukra kowe ora usah mèlu, pandhudhuking kali dak tandangane dhewe, kowe tunggua omah bae. Aturipun cantrik: Inggih kyai.

Kacariyos, sarêng sampun dhawah ing dintên malêm Sukra Manis, Ki Agêng Mangli sêsampunipun sêmadi (bakda Mahrib) lajêng têrus dhatêng sangandhapipun rêdi (sukuning rêdi

--- 11 ---

ingkang sisih kilèn), kakintên-kintên lêncênging lataripun Ki Agêng Mangge.

Ing ngriku Ki Agêng Mangli ngêningakên cipta, amatêk aji balasrèwu lajêng wiwit andhudhuk lèpèn. Sarêng pandhudhukipun kintên-kintên angsal sapratiganing rêdi, Ki Agêng Mangli kuwatos bokbilih pandhudhukipun wau menggok (botên lêncêng latar Kamanggèn) kados pundi rekanipun badhe priksa.

Wasana andhudhuk manginggil dumugi ing pucak, sarêng sampun wontên ing pucak, Ki Agêng Mangli priksa yèn pandhudhukipun wau taksih lêncêng latar Kamanggèn, namung mencong sakêdhik, lajêng andumugèkakên pandhudhukipun.

Sarêng winatawis angsal kalih pratiganing rêdi, lajêng angêbos manginggil malih, pêrlu mriksani lêrês lêpating pandhudhuk, sarèhning kagalih taksih lêncêng, tumuntên mandhap anyêngkakakên pandhudhukipun supados enggala butul.

Gêntos kacariyos, ing Kamanggên dalu punika ugi, Ki Agêng Mangge adhawuh dhatêng tiyang magêrsari tuwin tôngga

--- 12 ---

têpalih kinèn sami mêlèk. Sarêng ing wanci ngajêngakên têngah dalu, Ki Agêng Mangge nyarirani piyambak anuwèni dhatêng sukuning rêdi, wontên ing ngriku Ki Agêng Mangge priksa bilih pandhudhukipun lèpèn Ki Agêng Mangli mèh butul, katôndha saking swara ingkang kapiyarsa.

Ki Agêng Mangge enggal kôndur badhe andamêl paekan, sarawuhipun lajêng dhawuh anjèrèngi cindhe-cindhe sarta plangi-plangi, ing sawetaning latar mujur ngalèr, dene sacêlaking jerengan cindhe wau, kapasangana diyan ingkang agêng, supados mèmpêr soroting surya ingkang badhe malêthèk. Punapadene tiyang magêrsari tuwin tôngga-tôngga supados sami anggêntang, ayam-ayam sami kaêdalna saking kombongipun.

Cêkaking cariyos, ing wetan rêdi sampun rame kados êbyar raina saèstu, tiyang anggêntang kumrumpyung, ayam pating parêtok, sawung-sawung pating kaluruk punapa malih katingal padhang.

Kocapa Ki Agêng Mangli ingkang andhudhuk lèpèn, sarêng rêdi sampun butul, Ki Agêng Mangli priksa bilih ing wetan [we...]

--- 13 ---

[...tan] sampun katingal padhang, tuwin tiyang anggêntang kumrumpyung. Kagalih manawi sampun raina sayêktos, Ki Agêng Mangli dahat ing lingsêmipun, wêkasan lumajêng kôndur dhatêng kilèn rêdi, têrus lumêbêt ing palanggatan sêmadi, nanging ngantos dangu botên siyang-siyang.

Ya ta Ki Agêng Mangli lajêng anggraita manawi kenging paekaning Ki Agêng Mangge, sanalika ngrucat sêmadi karsa madosi cantrikipun, botên antawis dangu kêpanggih sawêg wira-wiri wontên ing latar wingking, sarèhning taksih pêtêng, dados pun cantrik botên sumêrêp bilih wontên tiyang murugi piyambakipun, ananging Ki Agêng Mangli botên uwas manawi punika pun cantrik, lajêng katimbalan: cantrik, mrenea. Cantrik mirêng swaranipun Ki Agêng Mangli anjanggirat sumêrêp rêgêmêngipun tiyang lajêng pinurugan.

Ta mangkana andikanipun Ki Agêng Mangli: Iki wayah apa cantrik. Atur wangsulanipun cantrik: Nêmbe kèndêl sawung kaluruk kaping kalih, kyai. Ki Agêng Mangli ngandika: O, dadi ijèh wêngi, yèn ngono. Aturipun cantrik: Taksih, kyai.

--- 14 ---

Ya ta Ki Agêng Mangli lajêng ngandharakên lêlampahanipun miwiti amêkasi. Cantrik mirêng pangandikanipun Ki Agêng Mangli, sangêt anglês ing manah. Aturipun cantrik: La, samangke kados pundi mênggah karsanipun kyai. Pangandikanipun Ki Agêng Mangli: Sarèhning wus têtela Ki Agêng Mangge ala bêbudène sarta ora kêna rinêmbug bêcik, mulane arêp dak rudapêksa bae. Mêngko yèn wis gagat raina, ayo padha mangkat mênyang Kamanggèn. Ki Agêng Mangli sêmadi malih, cantrik tata-tata. Sigêg.

Gantos ingkang kacariyos, Ki Agêng Mangge dahat sukaning galihipun, dene toya sampun dhatêng, Ki Agêng Mangli botên wontên katingal, dados rumaos sagêd nolak sêdyanipun Ki Agêng Mangli, sarana paekanipun. Ananging sakêdhap malih ical sukanipun kantun sungkawa ingkang wontên, jalaran ingkang tamtu manawi Ki Agêng Mangli dumugi kilèn rêdi, môngka taksih katingal dalu, masthi lajêng anggraita yèn kenging paeka. Mila botên sande krodha lajêng anglurugi.

Salêbêting sungkawa Ki Agêng Mangge tata-tata jawabanipun. [jawabanipu...]

--- 15 ---

[...n.] Kêpanggih ing nalar, manawi Ki Agêng Mangli badhe angrodapêksa, sarta botên kenging dipun alusi, inggih dipun lampahi rêrêmpon. Têtiyang anggêntang kadhawuhan sami kèndêl.

Sasirêping tiyang anggêntang, ing wetan rêdi botên wontên sabawa walang salisik. Ki Agêng Mangge karsa manggihi ingkang putra: Rara Kandrêman, sarêng sampun pêpanggihan, andangu makatên: Gêndhuk, saupama mêngko Ki Agêng Mangli mrene anjaluk kowe, kapriye. Aturipun Rara Kandrêman: Kula manawi ngantos kenging kagêpok dening Ki Agêng Mangli, kula aluwung botên sumêrêp padhanging surya kemawon. Amilalu pêjah tinimbang kula angsal jatukrama ingkang botên timbang nèm sêpuhipun kalihan jasat kula. Punapa ta namung sagodhong kelor wiyaring jagad, dene ko jasat kula pikantuk jatukrama tiyang sampun lungse.

Ki Agêng Mangge salêbêting galih rêna dene ingkang putra kêkah botên purun. Dados kenging linabêtan takêr marus. Pangandikanipun makatên: Ya, sôkur bage

--- 16 ---

sèwu, kowe duwe kêkêncêngan kang samono, ênggèr. Wis ta karia raharja, aku arêp sêmadi mênyang sanggar pamujan. Aturipun Rara Kandrêman: Inggih, rama. Kula inggih samantên ugi.

Kacariyos saandhapipun Ki Agêng Mangge saking pamujan, tumuntên adhawuh dhatêng tiyang magêrsari, makatên: He, kancaku kabèh, èstokna pituturku iki, sarta wratakna wong kene kabèh. Manawa aku bôndayuda karo Ki Agêng Mangli, têmahane aku kasoran, kowe ora pêrlu labuh pati, sarta saungkurku kowe padha ngèstokna pangrèhe Ki Agêng Mangli. Awit ora wurung Ki Agêng Mangli mêngko nglurug mrene.

Pramila Ki Agêng Mangge ngandika makatên, awit sampun angsal wangsit bilih sampun wêgtunipunwêktunipun. dhawahing jangji. Sadaya-sadaya wau namung kangge lantaran kemawon: dene Ki Agêng Mangli inggih badhe dumugi ing jangji, sarêng-sarêng ingkang putra Rara Kandrêman. Mila botên was sumêlang.

Gantos kacariyos, Ki Agêng Mangli sabakdanipun sêmadi (winatawis janjam. nêm enjing) lajêng busana. Sasampunipun [Sasampu...]

--- 17 ---

[...nipun] paripurna, tumuntên bidhal dhatêng Kêmanggèn, cantrikipun botên kantun.

Sapraptaning Kêmanggèn, lajêng kapêthukakên dening Ki Agêng Mangge, têrus bage binage, lajêng ingacaran lênggah. Botên dangu Ki Agêng Mangli amêlèh-mêlèhakên punapa ingkang dados paekanipun Ki Agêng Mangge. Ki Agêng Mangge inggih botên kumbi malah angerang-erang dene Ki Agêng Mangli, têka botên priksa dipun paeka. Ko têka kados lare alit, dados ingkang makatên wau, lêpatipun Ki Agêng Mangli piyambak.

Ya ta Ki Agêng Mangli sarêng mirêng pangandikanipun Ki Agêng Mangge, jajabang mawinga-winga, kumêdut padoning lathi, netra andik angatirah, sarwi ngandika: Pèndhèk ingkang putra parêng punapa botên. Ki Agêng Mangge mangsuli: Botên, jalaran lêpat saking janjinipun inggih punika ing wanci sadèrèngipun êbyar raina, Ki Agêng Mangli sagah dhatêng angirid toya. Môngka ing waktu punika sampun wanci wisan damêl. Ngantos dangu anggènipun diya-diniya, atêmah lajêng ngabên kasêktèn, ing wasananipun Ki Agêng Mangge kasoran [ka...]

--- 18 ---

[...soran] nêmahi lalis, layonipun botên kacriyos.

Kacariyos sasedanipun Ki Agêng Mangge, angandika dhatêng têtiyang ing ngriku sadaya, makatên: He, kônca wetan gunung, mula nganti kadadean kaya mangkene, amarga saka panggawemu kabèh, mulane wiwit ing dina iki, wong ing kene ora kêna nutu nganggo lêsung. Têtiyang ingkang tampi dhawuh asaur pêksi: Inggih sandika. Sêsampunipun adhawuh makatên, Ki Agêng Mangge lajêng madosi Rara Kandrêman.

Kocapa: Rara Kandrêman sarêng priksa manawi ingupadosan dening Ki Agêng Mangli, sanalika lumajêng, dene Ki Agêng Mangli priksa yèn Rara Kandrêman lumajèng, ingêtut sapurugipun.

Dumadakan lampahipun Rara Kandrêman kapalang ing lèpèn, sarêng nolèh ing wingking Ki Agêng Mangli sampun cêlak, gugup tumuntên anggêbyur ing kêdhung, Ki Agêng Mangli nututi anggêbyur, kêkalihipun musna tanpa lari, cuthêl.

Pramila ngantos sapriki kêdhung wau katêlah nama: Kêdhung

--- 19 ---

Kandrêman, punapadene têtiyang ing Mangge botên wontên ingkang anggêntang ngangge lêsung.

Dongèng Sambêl Wijèn

Kacariyos, ing jaman kina wontên satunggiling tiyang jalêr sumêdya martamu dhatêng mitranipun ingkang kaprênah sêpuh, ing dhusun prêpat.

Cêkaking cariyos, sarêng tiyang punika dumugi ing griyaning mitranipun wau, omong-omong ngantos dangu, sarèhning sampun wancinipun tiyang nêdha, ingkang gadhah griya sumêdya nyugata nêdha ing sawontên-wontênipun, botên antawis dangu pasugatan mêdal, nuntên sami nêdha, sadangunipun nêdha tamu wau angraos nikmat panêdhanipun, jalaran saking ecaning sambêlipun, ngantos kawêdal pitakèn dhatêng ingkang gadhah griya, makatên: Sambêl niki, sambêl napa namine. Ingkang gadhah griya mangsuli: Sambêl wijèn, dhi, niki. Tamu nyathêt salêbêting manah.

Sabakdanipun nêdha tamu pamitan makatên: Sarèhning sampun dangu, sarta sampun sampeyan sukani nêdha, kula badhe [ba...]

--- 20 ---

[...dhe] mantuk, kang, ingkang gadhah griya mangsuli: Inggih, dhi, andhèrèkake wilujêng mawon, êmpun kapok lo: dhi.

Kacariyos tiyang punika turut margi tansah ngangên-angên makatên: sambêl wijèn, sambêl wijèn. Sarêng lampahipun anglangkungi lèpèn, sarèhning kraos sumuk, tiyang punika lajêng adus ing lèpèn, sêsampunipun adus, sambêl wijèn wau kasupèn. Wicantênipun: Lo, jing enak mau kae sambêl apa. Ngantos ragi dangu botên èngêt-èngêt.

Wasana tiyang punika lajêlajêng. cucul nyêmplung ing lèpèn malih, slulup kalihan anggrayahi siti. Sarêng mancungul kalihan wicantên: Durung kêtêmu. Lajêng slulup malih, sarta mancungulipun ugi kalihan wicantên, durung katêmu. Lajêng slulup.

Kacariyos, nalika punika mitranipun langkung ing ngriku, sumêrêp patrapipun makatên lajêng amurugi. Sarêng tiyang punika klêrêsan mancungul, dipun takèni: Sèh, kowe ki anggolèki apa. Wangsulanipun: Durung kêtêmu. [kêtê...]

--- 21 ---

[...mu.] Lajêng slulup malih. Mitranipun wau gumun, sarêng mancungul malih. Inggih dipun takèni: sèh, sing kogolèki, ki apa. Wangsulanipun inggih kados ingkang sampun. Tumuntên slulup.

Sarêhning pun mitra wau wêlas aningali mitranipun wasana cucul tumut slulup. Awit dipun kintên manawi madosi sêsupe, utawi sanès-sanèsipun barang ingkang alit. Sarêng mancungul sêsarêngan, mitranipun pitakèn: anggolèki apa. Wangsulanipun: durung kêtêmu. Lajêng slulup malih. Mitranipun anututi slulup.

Kacariyos sarèhning tiyang punika sampun dangu anggènipun slulup-slulup, ingkang tamtu inggih ngombe toya. Botên dangu tiyang punika mancungul sêsarêngan malih kalihan mitranipun. Sarta lajêng antop: hèik. Mitranipun wicantên: Antopmu ambune kok sambêl wijèn bae. Wangsulanipun: La, ya kuwi jing dak golèki. Mitranipun wicantên: Bêdhès ane. Lajêng sami mêntas mantuk sowang-sowang.

Kocapa tiyang punika sadhatêngipun ing griya, prentah [pre...]

--- 22 ---

[...ntah] dhatêng ingkang èstri, makatên: Êmbokne, aku sambêlna: bêl-sinambêl. Mêngko satêkaku sêka sawah, wusa cumawis. Lajêng kesah dhatêng sabin.

Sakesahipun tiyang punika, ingkang èstri bingung, wicantênipun: Wong lanang ki mau prentah apa. Bêl-sinambêl iku apa, ewuh têmên atiku. Panggagasipun ngantos dangu mêksa botên nyandhak-nyandhak. Dados ingkang jalêr inggih botên dipun cawisi ingkang dipun pengini wau.

Kacariyos sarêng ing wanci sontên, ingkang jalêr dhatêng apitakèn: êndi bokne, bêl-sinambêl. Wang sulanipun ingkang èstri: Ora, ta, wong lanang, bêl-sinambêl iku apa, aku kok ora ngêrti. Ingkang èstri lajêng dipun taboki, sêsambatipun angaru-aru, makatên: Wong lanang, ênggonku ngladèni kowe wiwit bocah nganti rambutku nyambêl wijèn, lagi kiye kok taboki. Ingkang jalêr awicantên: La, ya, sambêl wijèn kuwi jing dak jaluk. Cunthêl.Cuthêl.

--- 23 ---

Dongèng Pandung ingkang Cilaka Numpa-numpa

Kacariyos ing jaman rumiyin wontên tiyang têtiga awasta: Sura, Karya, kaliykalih. pun Dhustha, tiyang punika panggêsanganipun namung mêmandung kemawon.

Anuju satunggiling dalu, tiyang tiga wau sampun sami ngêmpal ing griyanipun Sura, badhe mêmandung, nanging ing dalu punika bokmanawi sawêg pinuju siyal. Watawis jam sadasa dalu, sami budhal saking griyanipun Sura, wontên ing margi pun Sura wicantên: Sèh, aku duwe dhedhekan pitik akèh, ayo padha diparani.

Gêntos kacariyos, tiyang ingkang badhe dipun pandungi punika, sarèhning ayamipun asring ical pramila ayamipun sami dipun kurungi wontên ing griya, dados kombonganipun sêpên. Watawis jam sawêlas tiyang tiga wau dhatêng, pun Sura angincêng kombongan lajêng wicantên: Wèh, la kae, sèh, ana babone blorok gêdhe, dene ingkang kakintên babon punika, undhug-undhugan têlèk, Sura enggal ambikak korining kombongan tumuntên malêbêt, undhug-undhugan têlèk wau

--- 24 ---

dipun tubruk, lajêng wicantên: Ut, galak, sèh, pitike, Karya wicantên: Mêngko, dak cêkêle, mandhak nyêkêl pitik hwe, ora bisa. Sarêng Karya nubruk ugi lajêng wicantên: ut, nyata galak. Dhustha wicantên sêngol: Ah, wong loro ngakali pitik hwe, kok ora jegos, mêngko dak tandangane. Dhustha enggal anubruk, wicantênipun: Wis ta, dudu mênus ane, wong têlèk jarene pitik. Tiyang tiga sami gubras têlèk, anuntên kesah saking ngriku.

Kacariyos lampahipun tiyang tiga wau anglangkungi lèpèn mawi karêtêg, sarèhning ing waktu punika rêmbulan sampun andhadhari, sanadyan lèpèn wau toyanipun cêthèk katingalipun saking karêtêg inggih lêbêt. Sura wicantên: Ayo padha adus, sèh. Tiyang tiga lajêng sami cucul, Sura anjlog rumiyin, sarêng wontên ing ngandhap asêsambat makatên: Adhuh biyung, adhuh biyung. Kancanipun ingkang taksih wontên ing nginggil pitakèn: Genea, ta, sèh. Sura mangsuli: Wah, adhême sasat ès. Karya nuntên anjlog,

--- 25 ---

wicantênipun: ut, nyata kaya ès, kalihan gêrêng-gêrêng. Pun Dhustha nututi anjlog, wicantênipun: E la, pênyakit ane, la, wong kali asat ngene, jare kaya ès adhême, asêm, asêm tênan. Lajêng sami mêntas.

Kacariyos sarêng sampun sami ngangge-angge, sami linggihan, pun Dhustha awicantên: Dêlêng, Ra, slêpènmu, ayo padha udud. Slêpèn dipun ulungakên dhatêng Dhustha, sarêng Dhustha mêndhêt sata, drijinipun kraos dipun êntup ing kalajêngking, wicantênipun: E, la, têmbakone kok kêras timên. Karya wicantên: ga, rene, dêlêng, sarêng Karya ngrogoh sata, lajêng wicantên: We la nyata kêras tênan. Sura wicantên: E, e, gawok aku, apa ana wong loro ngakali têmbako kêras hwe, ora enjoh, êndi slêpène, rak diababi, ta, têmbako kêras mono. Slêpèn sampun kacêpêng dening Sura, lajêng dipun ababi, kalajêngking lajêng ngêntup lambenipun, wicantênipun Sura kalihan andhangak-dhangak: hêm, hêm kêrok bêling, ane. Wong ana kalajêngkinge,

--- 26 ---

jare, têmbakone jing kêras. Pun Dhustha nuntên awicantên: Rèhne wis kaya ngene ayo padha golèk sêgêr-sêgêr, aku duwe dhedhekan lêgèn arèn. Kulon kono, lo, ana wong andèrès arèn, ayo padha diparani.

Kacariyos lajêng sami murugi dununging lêgèn, Dhustha enggal mènèk, bumbung kaandhapakên sarwi wicantên: Wah kêbak sèh. Sarêng dumugi ngandhap, pun Dhustha ingkang ngombe rumiyin. Sawêg nêcêp sakêdhik raosipun dede lêgèn, wicantênipun makatên: Wethethithe, wèthèh. Anylêse sasat ès. Sura wicantên: Gêntèn sèh. Bumbung kaulungakên dhatêng Sura, lajêng dipun lôngga. Sawêg sacêgukan lajêng wicantên: Adhuh, dhot nyata. Bumbung tumuntên kaulungakên dhatêng Karya. Pun Karya ngintên bilih lêgènipun kantun sakêdhik. Pramila pangombenipun dipun jêngkingakên, isining bumbung mêdal sadaya, ngengingi rainipun, bumbung kabucal sarta wicantên: Toblas, toblas, gene ko: ta nengêa.§ tenja.

--- 27 ---

Punapaa bumbung punika isinipun dede lêgèn sayêktos. Kauningana, saking pêgêling manahipun ingkang andèrès, mila dipun isèni ... awit asring ical. Cariyos namung dumugi samantên.

Dongèngipun Tiyang Madati

Kacariyos ing jaman kina wontên satunggiling tiyang anama: Sêdyarja, tiyang punika inggih kagolong tiyang kacêkapan, ananging sarèhning sangêt royalipun, lami-lami dhawah ing kamlaratan, nalikanipun tiyang wau taksih cêkap awis-awis sangêt tilêm ing griyanipun piyambak, asring nyipêng ing panjonan.

Cêkaking cariyos pun Sêdyarja wau lajêng nadhah nyêrèt, malah saengga sampun dhawah kamlaratan punika botên sagêd mêdhot. Dèrèng antawis lami pun Sêdyarja kapêjahan semahipun, anilari anak jalêr satunggil, èstrinipun tiga, tur taksih alit-alit, pramila inggih rêkaos padosipun sandhang têdha, nyambut-nyambut sampun botên pinitados.

--- 28 ---

Anuju satunggiling dintên pun Sêdyarja kesah pados kabêtahan, anakipun namung dipun tilari yatra nyadhuwit, awit kamanah botên katilar sadintên muput, tur yatranipun inggih namung punika, kalêrêsan ing dintên punika botên angsal-angsal rêjêki, mila antukipun jam gangsal sontên, namung angsal yatra kalih ece.

Kacariyos sadumuginipun ing griya, sumêrêp anakipun sami nangis, jalaran sadintên dèrèng sami nêdha, piyambakipun inggih sampun kêtagihan, mila manahipun ribêt sangêt, yatra kalih ece lajêng kasukaakên anakipun jalêr, kapurih numbasakên tike ingkang gangsal wêlas sèn, ingkang gangsal sèn kajajakna sêkul, katêdhaa kalihan adhi-adhinipun.

Dilalah karsaning Allah, yatra kalih ece wau katumbasakên gêthuk sadaya, saking pamanahipun lare wau supados tuwuk katêdha lare sakawan gangsal bapakipun.

Sarêng lare wau mantuk dumugi ing griya wicantên makatên: Pak, dhuwite dak tukokake jadah tela kabèh. Bapakipun ngadêg nyat nyandhak anakipun badhe [ba...]

--- 29 ---

[...dhe] dipun gêbagi, nanging kandhêg dening adhi-adhinipun sami gendholan kakangipun, pun Sêdyarja anyêbut: O, ya Allah, kaya ngene rasane wong nyêrèt, ênggèr, ya wis padha panganên, timbang kowe luwung aku kang mati, wiwit ing dintên punika pun Sêdyarja niyat mêdhot.

Kacariyos pun Sêdyarja sadalu botên sagêd tilêm, sarêng enjing ragi suda raosing badanipun, nanging inggih mêksa dèrèng sagêd kesah-kesah, sarèhning rumaos botên sagêd pados têdha, sarta wêlas aningali anak-anakipun, awicantên makatên: Ênggèr, aku ora bisa lunga-lunga anggolèkake panganmu kabèh, mulane piring sarta cangkir iku, saana-anane êdolên sapayu-payune, kanggo mangan sajrone aku durung bisa lunga-lunga. Sigêg.

Gêntos kacariyos tangganipun Sêdyarja punika wontên satunggil ingkang sugih sarta bèrbudi asih ing dasih kaswasih, anama pun Danawôngsa. Ing wanci enjing pinuju wontên ing pandhapa, sumêrêp anak-anakipun Sêdyarja mriku ambêkta piring sarta cangkir, enggal dipun awe, lare [la...]

--- 30 ---

[...re] murugi, sarta lajêng sami linggih sangajêngipun Danawôngsa, pitakènipun Danawôngsa: Piring sarta cangkirmu iku arêp kogawa mênyang ngêndi. Lare mangsuli: Pancèn inggih kula bêkta mriki mawon, pêrlu kula aturi numbas awit bapak sawêg sakit, botên sagêd madosakên têdha kula, pramila punika sadaya kapurih nyade. Danawôngsa awicantên: Iki gawanên bali kabèh, ênya iki dhuwit nêm mang, ênggonên jajan kambi adhi-adhimu, sarta kôndhaa mênyang bapakmu, mêngko sadhela êngkas aku mrana. Lare sami mantuk kalihan bingah ing manah.

Kocapa lare-lare wau sadhatêngipun ing griya mratelakakên punapa ingkang sampun linampahan dhatêng bapakipun. Botên antawis dangu Danawôngsa dhatêng, wicantênipun: Sampeyan sakit napa ta, dhi. Pun Sêdyarja lajêng ngandharakên lêlampahanipun ing dintên ingkang kapêngkêr, sarta wiwit ing dintên punika ugi lajêng niyat mêdhot nyêrèt.

Sarêng Danawôngsa mirêng rêmbagipun Sêdyarja, kamiwêlasên [kamiwêlasê...]

--- 31 ---

[...n] lajêng wicantên: Dadi sampeyan ajêng mêdhot têmênan, dhi. Yèn têmên-têmên sampeyan marèni nyêrèt, sampeyan kula pawiti mang êngge dagang, bathine mang pèk dhewe. Dene pawitan iku besuk yèn sampeyan êmpun rada mrintis, mang balèkake saka sathithik mawon. Ning sampeyan kudu eling lêlakon sampeyan kang êmpun kalakon. Kang êmpun, gih êmpun, sing durung mawon mang ati-ati. Pun Sêdyarja wicantên: Sangêt panuwun kula, dene kakang karsa paring piwulang sarta badhe paring pitulung pawitan dhatêng jasat kula. Kula inggih badhe ngestokakên sadaya wulang sampeyan, punapadene kula inggih prasêtya piyambak botên badhe nglampahi lêlampahan kula ingkang awon-awon kados ingkang sampun.

Kacariyos pun Sêdyarja dipun pawiti dening Danawôngsa kathahipun satus reyal. Yatra samantên punika katumbasakên maesa ingkang sangang dasa reyal. Angsal maesa nênêm. Niyatipun Sêdyarja badhe dados jagal. Dumadakan panjagalipun sêmpulur. Sadintên-dintênipun [Sadintên-di...]

--- 32 ---

[...ntênipun] engga têlas maesa satunggil, têrkadhang ngantos kalih sadintên.

Cêkaking cariyos pun Sêdyarja wau lajêng dados tiyang sugih, sarta inggih botên kasupèn dhatêng pitulunganipun Danawôngsa. Dene pun Danawôngsa inggih botên sah anggènipun ngrigên-ngrigênakên, malah lami-lami lajêng dipun jodhokakên kalihan adhinipun Danawôngsa ingkang sampun dados lanjar, dening lakinipun pêjah.

Sarêng Sêdyarja sampun dados tiyang sugih, asring ura-ura kados ing ngandhap punika:

Dhandhanggula

lara-lara larane kang ati | nora kaya wong tininggal yatra | kang wus têlas piandêle | lipure mung yèn turu | lamun nglilir wus angot malih | sabarang kang katingal | têka dadi mungsuh | tan kêna wong sarwa pêthak | pan kinira Cina prapta arsa nagih | atine têrataban ||

bawanira wong karêm pawèstri | kêplèk kècèk dhadhu kodhok ula | tur tan lali mring madate | marang pakaryan lumuh | kasusastran gila kêpati | têlasing yatra brana

--- 33 ---

| madêg suranipun | lir Prabu Arjunasasra | bala srèwu winatêk mêmandhi linggis | arsa gêmpur ngêpakan ||

eling-eling sanak mêmadati | dèn toleha raganira rusak | kapindho akèh utange | ulat acung nyrêngungus | anglir munyuk uningèng janmi | dene yèn kêtagihan | silit dlinding marus | mata brèbès darodosan | lan cangkême lir barange jaran mati | ababe wangi bathang ||

titining panitrèng ulun | ping salawe amarêngi | Mukharam ingkang côndrama | warsa Ehe kang lumaris | dene ta sangkalanira | catur suci ngèsthi nabi ||Sengkalan: catur suci ngèsthi nabi (25 Mukaram tahun Ehe, 1844 A.J. = Rabu, 24 Desember 1913 A.D.).