Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12, #1666

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1937, #1666
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1496.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1497.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1498.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1499.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1500.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1501.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1502.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1503.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1504.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1505.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1506.

Ôngka 96, Rê Kli, 28 Pasa, Ehe 1868, 1 Dhesèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Sunglon - Pagêblug sêsakit ingkang nular - Ngèlmi kabatosan - Kawontênan ing Tiongkok - Sajarah dhatêng pasareyanipun Kyagêng Ngliman - Griya wuta ing Bandhung - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading wanita.

Sunglon

[Grafik]

Sêsawangan sunglon Maurits ing pasisir sagantên kidul, Priyangan, sacêlakipun Nusa Kambangan.

--- 1506 ---

Bab Kasarasan

Pagêblug sêsakit ingkang nular

Kadospundi dene ing satunggiling panggenan inggih punika ing dhusun utawi ing kitha têka ujug-ujug sagêd katuwuhan pagêbluk sêsakit nular, kados ta: pest, pokken (cacar), cholera, typhus, dysenterie, mazelen (dabagên), influenza, t.b.c., malaria, diphteritis, kinkhoest utawi sanès-sanèsipun.

Sababipun punapa pagêblug wau têka lajêng sagêd sirêp piyambak sanajan botên dipun tanggulangi dening tiyang utawi dhoktêr ingkang ahli.

Punapa sababipun dene tiyang ingkang kataman sêsakit wau botên sami sakit sangêt utawi pêjah sadaya.

Ing jaman rumiyin sadèrèngipun dhoktêr manggihakên sabab-sababipun ingkang nukulakên sêsakit wau, tuwuhipun sêsakit punika jalaran saking siti ingkang angkêr kenging wisaya utawi pasanganipun dhêmit, kêsiku dening ingkang ambaurêksa ing panggenan ngriku, botên ngluwari ujar pakaulan utawi sanès-sanèsipun. Kangge nanggulangi utawi nulak sêsakit wau, satunggal-satunggalipun bôngsa gadhah pratikêl utawi rekadaya piyambak-piyambak.

Yèn bôngsa Jawi nulak sêsakit punika manut dhukun ingkang suka pitêdah, kêdah damêl wilujêngan mawi ulam menda kêndhit, ulam ayam cêmêng utawi pêthak mulus, mawi donga utawi rapal-rapal kangge tumbal utawi jimat sapanunggilanipun.

Bôngsa kilenan (Eropah) limrahipun sami botên ngandêl ing bab donga rapal utawi jimat wau, awit ingkang kathah donga rapal utawi jimat wau botên tulèn saèstu, kathah ingkang palsu utawi namung tiru-tiru kemawon. Têgêsipun palsu utawi tiru-tiru punika tiyang utawi dhukun ingkang andonga ngucapakên rapal utawi damêl jimat wau, namung niru ngungêlakên donga rapal utawi damêl jimat nanging botên anglampahi. Ingkang mêsthi dipun lampahi, kados ta: dhukun wau kêdah siyam, pati gêni utawi ambisu botên wicantênan salêbêtipun samantên dintên lan sapanunggilanipun. Milanipun donga rapal utawi jimatipun wau botên sagêd andayani punapa-punapa, inggih botên sagêd mitulungi dhatêng ingkang dipun dongani utawi sanèsipun.

Dene yèn donga rapal utawi jimat wau tulèn saèstu, têgêsipun asli saking tiyang utawi dhukun ingkang pancèn sampun nêtêpi lampahipun (dhukun ahli lampah) asring ngedap-edapi, mustajab utawi mandi tumanjaning donganipun dhatêng ingkang dipun pitulungi.

Kados ta: juru ngalir utawi tukang mancing bajul, sagêd nyêpêng bajul, ingkang agêng galak lan langkung rosa tinimbang tiyang kalih tiga, ewadene kenging dipun gêndam sarana donga, baya wau sagêd kacêpêng sarana gampil kenging dayaning donga, baya lajêng tutut dipun tangsuli cangkêmipun, dipun bônda sukunipun ngajêng, dipun sèrèt dening baita dhatêng panggenan [panggena...]

--- 1507 ---

[...n] ingkang cèthèk têrus dipun sèrèt dhatêng dharatan tansah manut, botên budi botên polah, nanging manawi juru ngalir utawi dhukunipun mingsêr ragi têbih, upami lumêbêt ing griya utawi sanèsipun, baya wau lajêng ebah budi badhe mêdhot tuwin malajêng, sarêng juru ngalir utawi dhukunipun dhatêng nyakêti malih, baya lajêng kèndêl dipun lumahakên dipun bêdhèl wêtêngipun botên polah botên punapa, malah ing salêbêting wêtêng baya wau asring pinanggih barang-barang sêsupe, gêlang utawi sanèsipun pangangge lare utawi tiyang èstri ingkang sampun dipun môngsa dening baya wau, sanajan tiyang ingkang dipun môngsa sampun botên maujud, jalaran daging kulit sampun ical, namung kantun balung-balungipun kemawon.

[Iklan]

Punapa punika botên saking dayaning donganipun dhukun utawi juru ngalir wau.

Satunggal-tunggalipun bôngsa gadhah kapintêran utawi kasagêdan piyambak-piyambak, kados ta: bôngsa tiyang Dhayak (Borneo) punika manawi wontên tiyang ingkang kacakot sawêr ingkang mandi, panggenan perangan badan ingkang tatu kacakot wau dipun boboki pipisan gêgodhongan kanthi dipun dongani, ingkang sakit sagêd saras, blas.

Bôngsa Jawi kajawi ingkang sagêd anggêndam baya wau, ugi sagêd nênung utawi sanèsipun. Cariyosipun dhukun ingkang pancèn mandi tênungipun, tiyang ingkang dipun tênung sagêd dados sakit utawi ewah pikiranipun (bingung), dene lampah-lampahipun tiyang nênung punika, kula botên sagêd matur awit botên nate nyipati piyambak.

Cêkakipun bôngsa Jawi inggih gadhah kasagêdan utawi [u...]

--- 1508 ---

[...tawi] kapintêran ingkang sok ngedap-edapi, ananging rèhning limrahipun bôngsa Jawi punika yèn gadhah kapintêran utawi kasagêdan ingkang anèh-anèh botên purun utawi rila dipun tiru tiyang sanès, kajawi trêkadhang namung purun ambalèbèri dhatêng anakipun piyambak, dados tiyang ingkang gadhah kapintêran wau ingkang limrah, ing samôngsa pêjah, kapintêranipun inggih tumut dipun kubur dados botên wontên ingkang mangrêtos yèn ingkang pêjah wau gadhah kapintêran ingkang prêlu kasumêrêpan dening umum.

Beda bôngsa kilenan (Eropah) tiyang ingkang gadhah pamanggih utawi kapintêran ingkang anèh-anèh utawi elok, malah dipun wara-warakakên supados tiyang sanès sami mangrêtos.

Badhe kasambêtan

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

[Grafik]

Papan pamêlikan intên ing Pretoria, Aprikah.

--- [1509] ---

[Iklan]

--- 1510 ---

Raos Jawi

Ngèlmi Kabatosan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 95

Tiyang ngudi murih têntrêming abêbrayan, sayuk rukuning pawong mitran kemawon awis ingkang kaconggah. Ingkang sampun kula sumêrêpi saha kula mirêngakên, kathah para marsudi pangawikaning batos ingkang lajêng sampun rumaos anggadhahi pangawikan, awis sangêt ingkang purun marsudi utamining lampah ingkang anjalari babaring pangawikan, jalaranipun ambokmanawi sampun rumaos marêm gadhah ngèlmi, gagasanipun ing têmbe mêsthi manjing swarga, jumênêng pribadi. Dados nama: anjagakake êndhoge si blorok.

Marsudi utamining lampah utawi lêlabuhan malih puruna, malah ambêlasar, ngêndêlakên wêwarahing gurunipun ingkang sampun kaanggêp mêsthi lêrêsipun, botên purun nyatakakên saha nyaring kalayan wêninging manah.

Sawênèh wontên ingkang bosênan, lumuh ngulir nalaripun, sabên-sabên maguru, nanging botên purun anglampahi. Tiyang ingkang kados makatên wau sanadyan angsala guru ingkang pinunjul ing pangawikan, saha luhur bêbudènipun, inggih tanpa damêl, tiwas tuwas kangelan, kecalan, nalaripun botên mulur, nanging malah pating saluwir, hêm, mêmêlas.

Lah inggih jaman edan, sampun malih muridipun, tiyang gurunipun inggih ambêlasar, ngantos adamêl kapitunan, karisakan saha kawiranganing badanipun piyambak punapadene muridipun. Tôndha saksinipun mèh ing pundi-pundi wontên, ingkang para maos tamtunipun sampun anguningani.

Jalaran saking punika, manawi wontên murid ingkang atindak nasar, punika sagêd ugi saking lêpatipun pun murid, lan inggih sagêd ugi lêpatipun pun guru, makatên malih sagêd ugi: têmu karo jae, guru murid padha bae.

Wontênipun paguron pangawikaning batos punika prêlu, anggêgulang utawi maguru pangawikaning batos punika inggih prêlu, nanging pun guru kêdah gadhah kasagêdan cêkap saha sae kalakuanipun, murid kêdah mituhu piwulanging guru. Ngupados guru punika angèl, mila kêdah mulat, sampun ngantos kajalomprong. Dados guru punika inggih angèl saha awrat, awit dipun ênut tiyang kathah. Manawi piwulangipun lêpat, lampahipun awon, punika lajêng nama nyêbar wisa ingkang sakalangkung mandi, ambêbayani.

Dene manawi sampun angsal paguron ingkang saèstu, prayogi lajêng dipun lampahi, awit :

ngèlmu iku kalakone kanthi laku / lêkase lawan kas / têgêse kang nyantosani / sêtya budya pangêkêsing dur angkara //

--- [1511] ---

Ujaring para sêpuh, milih guru punika kêdah tiyang ingkang:

1. Ahli basa, 2. Ahli sastra, 3. Ahli rasa, 4. Ahli tapa, 5. Ahli têpa, 6. Ahli wicara, 7. Tanpa cacad (calaina), 8. Trahing aluhur.

Guru ingkang kados makatên wau tamtunipun angèl pangupayanipun. Mila sanadyan botên jangkêp wolu, langkung saking sapalih kemawon sampun nama lumayan.

Manawi taksih kathah paguron pangawikaning batos ingkang ambêlasar, kula kuwatos manawi adamêl unduripun para marsudi pangawikaning batos, o, eman-eman.

Wasana masa borong ingkang karsa manggalih.

Ki: Darma Prawira, Kêpancèn - Malang.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni Sêrat: Wirasating Wanita tuwin Sêrat Primbon Usada, saking Toko Buku Sadu Budi ing Pasar Pon, Surakarta.

Sêrat Wirasating Wanita punika mêndhêt saking dintên tuwin pêkênan, lajêng ngawontênakên pamêca kadadosanipun. Dene Sêrat Primbon Usada, nyariyosakên ing bab jampi jawi warni-warni.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

Bale Pustaka botên sade buku punika.

[Iklan]

--- 1512 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Panêmpuhipun wadya Jêpan ing Tiongkok sisih lèr katingal botên patos mêmpêng, môngka manawi mirid nalar, saupami pabarisan Jêpan wau saya dipun indhaki santosanipun, inggih badhe saya nyamari. Nanging nyatanipun tindak ingkang kados makatên punika inggih botên tilar gêlar, awit manawi panêmpuhipun wau nyêngka, sagêd ugi damêl ringkihipun pabarisan ing wingking.

Ing laladan talaga Taihu mêntas wontên wadya Tiongkok nêmpuh sêsarêngan, nanging panêmpuhipun wau lajêng kandhêg, dening pabarisan Tiongkok ing wingking dipun talabung wadya mriyêman Jêpan tuwin dêdamêl sanèsipun ingkang langkung santosa.

Ing salajêngipun Jêpan sagêd tata baris badhe nêmpuh ngêtog ing sisih lèr, kanthi pangangkah sagêdipun dumugi Nanking, salajêngipun ngangkah pêdhoting sêsambêtanipun Nanking kalihan laladan sanèsipun.

Kajêngipun Jêpan badhe ngangkah sagêdipun ngrêbat Wuhu rumiyin, amargi manawi Wuhu wau sagêd kêcêpêng, Nanking lajêng kêpisah sêsambêtanipun kalihan Hanko, Kanton, tuwin laladan-laladan sakidulipun Nanking. Mirit kawontênan ingkang kados makatên punika, Nanking kenging dipun wastani kacakêtan ing bêbaya. Nanging tumrapipun Tiongkok gadhah kapitadosan, sanadyan Nanking bêdhah, inggih botên badhe ngèndêlakên paprangan.

Miturut wartos ingkang kantun, pangêpangipun wadya Jêpan ing Sansi kenging kaundurakên dhatêng Taiyuwan, salajêngipun wadya Tiongkok sagêd majêng dumugi Tungyansèn, kajawi punika ugi sagêd ngrêbat Yuwanping, kaprênah saêlèr Taiyuwan.

Manawi ngèngêti wartos-wartos ing bab paprangan punika, Jêpan ugi anggadhahi kajêng botên badhe ngrêbat Tiongkok, dene kajêngipun ingkang saèstu namung ngangkah murih sagêd tumut ngêmbat punapa kawontênanipun ing Tiongkok. Malah Jêpan botên niyat badhe paprangan kalihan Tiongkok, dene ingkang dipun sêdya badhe nyirêp golongan abrit ingkang nglêbêtakên daya dhatêng Tiongkok. Namung Jêpan gadhah raos botên sênêng dhatêng Inggris anggèning nglêbêtakên dêdamêl dhatêng Tiongkok, ingkang katêmahanipun lajêng dados pêpêrangan ingkang ngômbra-ômbra kados makatên punika. Malah salajêngipun Jêpan nêdya padhami piyambakan, ingkang tanpa lantaran sintên-sintên.

Wartos ingkang kados makatên punika tumrapipun Tiongkok anganggêp botên mantuk ing akal, awit wontêning paprangan sampun kêlajêng kados makatên, wujudipun sampun katingal sami arêrêmpon, dados manawi wontên gêlar kados makatên punika, wontênipun namung botên pitados.

Ing sapunika prêlu nyariyosakên wawasan, ingkang gêgayutan kalihan waragading pêrang. Miturut pinanggihing lêlampahan ing paprangan, campuhipun [campuh...]

--- 1513 ---

[...ipun] tansah dhêsêg-dhinêsêg, nandhakakên bilih sami santosanipun, malah tumrap Jêpan, ing wêkdal punika andhatêngakên wadya wontên ing laladan Syanghai kemawon, tigang prapat yuta. Ing ngriku katingal sapintên wutahing obat mimis tuwin karisakanipun ngrika-ngriki.

Ingkang makatên punika tumraping nagari ingkang sami paprangan lajêng sami ngêdalakên waragad ingkang kenging dipun wastani tanpa wicalan kathahipun, saha botên sande tamtu sami nandhang sambutan. Miturut pangrantamipun Jêpan, sagêd ugi badhe gadhah sambutan ngantos 40 milyar yèn, ing sapunika sampun gadhah sambutan kiwa têngênipun 14 milyar yèn. Môngka manawi mirid kawontênaning pamêdal, tumrap Jêpan ing dalêm sataun wontên 10 milyar yèn, dados mênggahing pangrantam, Jêpan taksih sagêd pados sambutan ngantos tikêl kaping sakawan, inggih punika 40 milyar yèn.

Miturut wawasan ahlaahli. militèr bôngsa ngamônca, panganggenipun obat mimis wadya Jêpan sagêd ngantos tikêl kaping sadasanipun wadya Tiongkok, dados waragadipun inggih badhe tikêl sadasa kathahipun, tinimbang wadya Tiongkok.

Inggih lêrês Jêpan sampun anggadhahi pabrik-pabrik piyambak kangge kabêtahan punika, nanging botên anggadhahi badhenipun, punika ugi andadosakên indhaking waragad, ngungkuli waragading wadya ingkang tumindak ing damêl.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, saupami paprangan punika botên kèndêl, asor unggulipun kantun gumantung dhatêng sintên ingkang kuwawi nyanggi bot-repotipun. Môngka miturut rêraosan, saupami wadya Tiongkok ingkang dipun senapatèni Syang Kai Sèk kawon, punika niyatipun bôngsa Tionghwa lajêng badhe santun tandang ngangge bêbadan Komunis.

Saupami kalampahan makatên, pinanggihipun tamtu badhe saya rame, awit tumraping nagari-nagari sanès, lajêng nyamarakên dhatêng Ruslan, botên sande Ruslan tamtu angêmori dadêldamêl. punika kanthi blak-blakan.

Kadospundi kawusananipun, dèrèng katingal.

Wara-wara

Ngaturi uninga, bab anggènipun Bale Pustaka badhe ngaturi bêbingah dhatêng para lêngganan Kajawèn, awarni gambaripun Prabu Erlangga tuwin Hayam Wuruk, kadosdene ingkang sampun kapacak ing Kajawèn nomêr 90, punika kalampahanipun dèrèng sagêd sapunika, nanging benjing akiring wulan Dhesèmbêr utawi awal Januari 1938. Mila makatên, awit samangke dèrèng sagêd ngintên-intên, sapintên cacahing lêngganan ingkang kêdah nampi bêbingah wau. Môngka lugunipun bêbingah wau sapunika sawêg kagarap.

Amila murih botên adamêl kapitunanipun ngrika-ngriki, mugi para ingkang kagungan wêwênang nampi, kêparênga nyarantosakên rumiyin.

Administrasi.

--- 1514 ---

Cariyos Kina

Sajarah dhatêng pasareyanipun Kyai Agêng Ngliman (Liman)

Ing dhusun Ngliman, ondêr dhistrik Sawahan, Kabupatèn Nganjuk, paresidhenan Kêdhiri, wontên pasareyan kina kalih panggenan ingkang èdi sangêt, sarta kapundhi-pundhi dening tiyang ing pundi-pundi panggenan, langkung malih dening têtiyang ing satêpis-iringing paresidhenan Kêdhiri. Dhusun Ngliman punika kaprênah wontên ing èrèng-èrèng rêdi Wilis sisih lèr wetan, gandhèng kalihan Rêdi Klothok. Wondene pranatan sajarah dhatêng ngriku punika kados kasêbut ngandhap punika:

Ing wulan Sura, wiwit tanggal 1 dumugi tanggal 14 têtiyang sawêg kenging sowan dhatêng pasareyan wau, wulan sanèsipun botên kenging. Ing dintên tanggal kasêbut nginggil, têtiyang sami lumampah dharat wiwit saking griyanipun piyambak dumugi ing pasareyan wau. Môngka pasareyan wau têbihipun saking kitha Nganjuk watawis 14 km. Tumrap pamanggihipun têtiyang ing ngriku ingkang anggadhahi kapitadosan gugon tuhon, manawi badhe sajarah mriku, môngka sarana nênumpak, punika botên badhe kabul sêdyanipun.

Untabipun têtiyang kathah lampahipun kados arak-arakan, sapinggiring margi wiwit saking dhusun Campaka sêsak uyêl-uyêlan, wontên ingkang mikul uwos, wontên ingkang nyangking buntêlan roti, sêkar borèh, ulam punapadene sanès-sanèsipun. Barang-barang sadaya wau minôngka pisungsung dhatêng Kyai Agêng, katampèkakên dhatêng kêpala dhusun ing ngriku. Ramening tiyang jam 12 dalu, nanging ingkang sakalangkung rame inggih punika ing tanggal 12-14. Ing wêkdal wau kêpala dhusun Ngliman amrêlokakên anyadhiyani têtêdhan dhatêng sakathahing para tamu ingkang sami sajarah, punapadene wêkdal amulyakakên kyai agêng. Kêpala dhusun wau amragad lêmbu ngantos 3-4, ing griyanipun kêbak têtiyang kathah. Sadèrèngipun têtiyang wau sami ngaso, botên kakengingakên lumêbêt ing pasareyan.

Têtiyang wau sami nyarantosakên dumugi tanggal 14 Sura kasêbut nginggil, awit sumêdya badhe ningali sakathahing pusaka ingkang badhe kasiraman toya layon ing tanggal 14 lêrês (purnamasidhi, ing wanci jam 12 dalu).

Pusaka-pusaka wau awarni: dhuwung, tamèng, songsong, caluk, têkên, dandang, kêndhil têmbagi lan warni-warni malih. Dene pusaka sadaya wau kagunganipun suwargi Kyai Agêng Ngliman.

Sasampunipun têtiyang sami ngaso sawatawis dangunipun, lajêng sami tumut dhatêng salah satunggiling tiyang ingkang kapatah dados pangajênging lampah, prêlu têdah margi. Lampahipun têtiyang wau mawi pranatan, inggih punika ingkang ngajêng piyambak juru têdah margi, wingkingipun têtiyang èstri, wingkingipun malih têtiyang jalêr. Sarêng lampahipun têtiyang wau sampun dumugi trap (tlundhagan) satunggal, inggih punika banciking [ba...]

--- 1515 ---

[...nciking] margi ingkang dhatêng pasareyan, têtiyang wau sadaya kèndêl, juru pitêdah margi lumêbêt, ngaturi sumêrêp dhatêng juru kunci. Ing sawatawis dangunipun, juru pitêdah margi lajêng angawe dhatêng têtiyang ingkang sami kèndêl wau, kapurih nglajêngakên lampahipun. Sarêng dumugi ing tlundhag ingkang nginggil piyambak lajêng kèndêl malih. Tlundhag punika minggah mandhap, têbihipun watawis 150 m. Sakiwa têngênipun, tlundhag wau katanêman sêsêkaran warni-warni, sêsawanganipun asri, botên beda kadosdene patamanan, botên ngintên bilih pasareyan.

[Iklan]

Ing sasampunipun têtiyang wau sami kèndêl ngaso sawatawis dangu, juru kunci lajêng pitakèn: punapa prêlunipun dene sami sowan. Têtiyang sami mangsuli asaur-pêksi: nyuwun wilujêng, panjang umur, lan sanès-sanèsipun. Sasampunipun juru kunci lajêng anampèni sêkar bêktanipun têtiyang wau sadaya, lajêng kasawurakên ing salêbêtipun pasareyan.

Kathah tiyang-tiyang ingkang sami ajrih botên purun lumêbêt. Kula dalah kônca tiyang 6 mrêlokakên lumêbêt sowan, lan prêlu badhe kêpengin sumêrêp kadospundi kawontênanipun. Nanging sakônca kula sadaya kapambêngan dening juru kunci, kapurih kèndêl wontên lambening kori pasareyan. Saking ngriku katingal sawatawis, nanging têrang bilih ing nglêbêt pasareyan ngriku sae sangêt.

Badhe kasambêtan

R. Sumarya.

--- 1516 ---

Lare-lare Wuta ing Bandhung

[Grafik]

Lare-lare wuta jalêr èstri ing pamiyaran tiyang wuta ing Bandhung nuju sinau nyêrat lan maos, anggèning nyêrat tuwin maos wau mawi aksara ingkang kadamêl ambarênjul, wujuding aksara tuwin ôngka-ôngka kados ingkang kacêtha ing gambar awujud cêcêg-cêcêg.

--- 1517 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Agami Jawi-Sunda. Sampun dangu ing Cigugur, Kuningan, wontên gêgolonganing tiyang ingkang ngrasuk agami ingkang dipun wastani Jawa-Sunda, ingkang dados pangajêng nama Madrais inggih jêjuluk Pangeran Madrais. Cara kados makatên punika kathah ingkang ngênut, ngantos tumular dhatêng Cirêbon, Majalêngka, Ciamis, Bandung tuwin sanès-sanèsipun. Nanging dangu-dangu pakêmpalan wau lajêng saya sirêp. Malah ing sapunika wontên wartos têtiyangipun sampun sami èngêt saha lajêng ngrasuk agami Islam, kados ingkang sampun dipun lampahi ingajêng.

Ambêbujêng banthèng ing Garut. Ing bab ambêbujêng banthèng ing pasisir kidul tanah Jawi katingal taksih kathah ingkang migatosakên. Nanging ingkang ambêbujêng wau sami tiyang ahli ambêbujêng. Malah wontên ingkang mêntas ambêbujêng, bangsa Walandi saking Bandung, dhatêng Garut sisih kidul, dhatêngipun ingriku mawi numpak motor mabur. Miturut pranatan, tumrap anyanjata banthèng punika sabên banthèng 2 ambayar f 100.-.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan M. Hoedojo alias Tirtohadisoebroto, asistèn wêdana paresidhenan Malang, dados wêdana ing Magêtan, kabupatèn Magêtan, paresidhenan Madiun. Sastrowinangoen, mantri pulisi klas 1 paresidhenan Surabaya, dados asistèn wêdana klas 2 ing paresidhenan Kêdiri.

Utusan P.G.B. dhatêng nagari Walandi. Miturut rêmbaging congres P.G.B. ing Pêkalongan, badhe ngawontênakên utusan dhatêng nagari Walandi, pêrlu badhe ngusulakên ing bab balanja.

Tiwas jalaran kêluwèn. Pastur A.J. van Rossum, nalika nuju malampah wontên ing wêwêngkon Sungai Mahakam, Banjarmasin, kêsasar ing lampah ngantos 22 dintên, namung ubêngan wontên ing wêwêngkon ngriku kemawon. Ingriku lajêng dados padosaning tiyang kathah tuwin militèr, nanging tanpa damêl. Wusana lajêng dipun panggih ing tiyang bangsa Bugis, tuwan pastur sampun tanpa daya. Ing salêbêtipun kalih dintên ingkang wêkasan, namung nêdha ulam mêntah alit-alit kalih. Sasampunipun kabêkta dhatêng griya sakit ing Banjarmasin lajêng dumugi ing tiwas jalaran sampun botên gadhah kêkiyatan, tuwin jalaran kêtaman ing sêsakit typhus tuwin malaria.

Arta talèn tuwin kêthip enggal. Kasêbut ing wêwahan rantaman Nagari taun 1937 nêtêpakên damêl arta talèn tuwin kêthipan enggal rêrêgèn f 2.000.000.-, tuwin ing salêbêtipun taun 1938 badhe anggiyarakên arta kêthipan tigang yuta iji, dene tumrap arta talèn ugi tumuntên kakintunakên dhatêng tanah ngriki.

Mèh kêtiwasan jalaran pados susuh sêndawa. Wontên tiyang kalih saking Bêtawi badhe pados susuh sêndawa dhatêng Segalaherang-Lembang laladan Bandung. Sarèhning panggenan ingkang dipun purugi punika sakalangkung sungil tuwin dèrèng kasumêrêpan cêtha panggenanipun, tiyang kalih wau sampun mirantos sangu têdha sêkul aking kangge sawatawis dintên. Wusana tiyang kalih wau lampahipun kêsasar-sasar tuwin botên sagêd manggihakên papaning pêksi lawèt, malah nalika badhe malêbêt ing guwa mirêng suwara anggêrêng, ingkang kakintên suwaraning sawêr agêng. Sarêng lampahipun sampun nêm dintên sawêg sagêd manggih margi saha lajêng sagêd wangsul dhatêng dhusun ingkang dipun jujug ingajêng, badanipun sampun sakalangkung kêra, amargi sampun kawan dintên namung nadhanêdha. gêgodhongan tuwin têtêdhan sakapanggihipun.

Paargyan padvinder ing Malang. Anyarêngi wartos ing bab jumênêngipun Prins Bernhard dados Koninklijke Commissaris Padvinderij ing nagari Walandi, para padvinder ing Malang lajêng ngawontênakên baris dalu mawi obor kairing ing musik militèr langkung sangajêng dalêm paresidhenan, ingkang wigatosipun maargya dhatêng ingkang nêmbe jumênêng wau.

Haji R. Mustapha. Sampun sawatawis dangu botên wontên wartos ing bab kawontênanipun Haji R. Mustapha, satunggiling padvinder ingkang angubêni jagad. Ing sapunika wontên wartos, tuwan wau ing sapunika wontên Weenen, sawêg nêngah-nêngahi nyinau ing bab babagan jurnalis tuwin babagan padamêlan pangêcapan, saha kadosdene nyambutdamêl wontên satunggiling kantor pangêcapan.

Pagantosan ing Jawi-Wetan saya majêng. Jalaran saking saya majênging pagantosan ing Jawi-Wetan, ing sapunika pêrlu badhe mêwahi punggawa 300, mêndhêt lare wêdalan H.I.S. utawi ingkang dipun samèkakên, umuripun botên kenging kirang saking 18 taun, botên kenging langkung saking 22 taun. Tumrap ingkang badhe gadhah panyuwun kêdah sowan piyambak dhatêng Inspectie kantor Pandhuisdienst 3e afdeeling ing Gressee Weg Surabaya kanthi ambêkta sêrat katrangan saking pulisi ingkang ambawahakên.

Pindhahan ondervoorzitter Landraad. R. Sahrib, onder voorzitter Landraad Bêtawi tuwin Tangêrang, kaingsêr dados ondervoorzitter landraad ing Bandung tuwin Sumedang.

Toko Jêpan ngangge zender pêtêng. Wontên wartos, ing wêkdal punika ing Surabaya sawêg rame dados rêraosan, bilih wontên satunggiling toko Jêpan ingkang kapetang agêng nggadhahi radio-zendstation pêtêng. Bab wau sagêd kasumêrêpan dening satunggiling punggawa gemeente ingkang nuju ndandosi margi wontên sacêlakipun ngriku, sumêrêp wontên kawat salêbêting siti malêbêt dhatêng toko wau. Salajêngipun P.I.D. lajêng nindakakên papriksan, saha nyumêrêpi nyata ingriku wontên radionzendstation pêtêng. Miturut katrangan saking juru jagi toko wau, sabên jam 12 dirêkturing toko dhatêng ingriku ngantos jam 1 dalu, nanging botên sagêd mratelakakên dhatêngipun ngriku pêrlu punapa. Ing sapunika taksih dados papriksan.

Panèn ingkang botên sagêd kêdadosan. Ing mangsa panenan punika ing bawah Bojonêgoro tuwin Lamongan sami botên kêdadosan. Dumugi sapunika têtiyang ingriku sampun angsal pitulungan saking Parentah kintên-kintên f 130.000.-. Salajêngipun nyuwun pitulungan malih f 18.000.- ingkang Departemen van Economische Zaken sampun nimbang marêngakên. Malah miturut taksiran, kapitunan wau badhe nêlasakên waragad kalih ton. Pitulungan wau badhe kangge tumbas wiji pantun utawi jagung. Kapitunanipun wau jalaran saking malesat-malèsèting mangsa.

Waragad nanggulangi sêsakit malaria ing Cianjur. Miturut pèngêtan ing provincie Jawi-Kilèn wontên sadhiyan arta f 28.000.- kangge ambiyantu ananaggulangianênanggulangi. sêsakit malaria ing Cianjur. Ing wêkdal punika sampun katingal bab kawontênanipun sabin ingkang sampun dipun ndandosi sae saha andadosakên kasarasan, kados ta ing Cianjur, Pacêt tuwin Ciranjang. Kajawi punika, dokter ingriku katingal mêmpêng anggèning ngawontênakên cathêtan bab lare-lare ingkang sami sakit.

Audientie. Benjing ing dintên Rêbo tanggal 19 Januari 1938 wanci jam 9 enjing, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ngawontênakên audientie wontên ing Pura Koningsplein. Sintên ingkang badhe gadhah pêrlu, supados macak atur kawrat ing sêrat ing sadèrèngipun tanggal 12 Januari 1938 dhatêng Ajudant van Dienst ing Bogor, kanthi amratelakakên nama, panggenan punapadene pêrlunipun.

--- 1518 ---

Kenging racun ulam. Ing Boom lami, Sêmarang, wontên juru misaya ulam saking Dêmak, bapa kalihan anakipun kalih, sami sakit jalaran mêntas sami nêdha tigan mimi, lajêng sami kabêkta dhatêng C.B.Z. Salajêngipun ingkang satunggal kêlajêng tiwas.

Congres Inlandsche Politie Bond. Benjing tanggal 18-19 tuwin 20 December punika I.P.B. badhe ngawontênakên congres manggèn ing Surabaya. Tumrap waragad ingkang kangge andhatêngakên warga saking sajawining kitha dipun sadhiyani arta f 2500.-

[Grafik]

Pabrik tênun "Shamsoeddin". Kados ingkang sampun kasumêrêpan punapadene sumêbar ing pundi-pundi, bilih ing Cirêbon wontên salah satunggiling pabrik tênun gadhahanipun tuwan Shamsoeddin, inginggil punika ngêwrat gambaripun ing salah satunggaling perangan inglêbêt pabrik wau.

Tanêman gadhu ing Dêmak pinanggih sae. Ing Dêmak kawontênakên tanêman gadhu minangka cobèn-cobèn, pinanggihipun langkung sae, ing dalêm sabau sagêd mêdal 40 dumugi 50 pikul, dene rêginipun ing dalêm sapikul f 1.30 dumugi f 1.80. Panenan pantun punika kenging kangge lêlintuning kirangipun pamêdal kapas. Epahan kuli ing sapunika antawising 15 dumugi 20 sèn sakintên. Epahan samantên punika sampun kapetang mindhak tinimbang padatan.

Rupèlin ing Cirêbon. Awit saking rêrigênipun bestuur Parindra ing Cirêbon, ambudidaya murih ingriku kawontênakên pang Rupèlin, saha bab punika sampun kalampahan dipun sayogyani dening pangajêng Ropèlin ing Surabaya. Wontênipun makatên pancèn sampun dangu ingriku kamanah pêrlu wontên wêwakil Rupèlin wau, amargi kêtingal gênging kabêtahanipun babagan punika.

Muhammadiyah ing Ngayogya ngurmati panjênênganipun tuwan Gobee. H.B. Muhammadiyah ing Ngayogya mêntas ngaturi panjênênganipun tuwan Gobee, pêrlu ngaturakên panuwun dhatêng panjênênganipun bab anggèning sampun kathah pitulunganipun tumrap dhatêng Muhammadiyah, saha ngaturakên kasugêngan anggèning badhe kundur dhatêng nagari Walandi. Bab punika sampun kalampahan, tuwan Gobee rawuh ing Ngayogya dipun paargya ing sapêrlunipun saha dipun aturi tandha pangèngêt-èngêt.

Rajapêjah ingkang sampun wolung taun kadêngangan. Ing dhusun Gêmênggêng, ondêr distrik Pacee, Nganjuk, wontên tiyang dhudhuk-dhudhuk siti manggih lumpang kajêng, ing sangandhaping lumpang wau pinanggih wontên balungipun tiyang. Sarêng bab punika dipun titipriksa, lajêng kasumêrêpan bilih punika balunging tiyang ingkang sampun wolung taun anggèning pêjah jalaran dipun pêjahi ing tiyang. Salajêngipun pulisi angsal katrangan saha tiyangipun ingkang anglampahi kalêpatan sampun ngakên.

Boyongan saking tanah Jawi. Benjing salêbêtipun wulan Februari 1938 badhe wontên têtiyang boyongan saking tanah Jawi dhatêng tanah sabrang cacah 5000, sami dhatêng Lampung. Ing wulan April 1000 kulawarga tuwin ing wulan Juni 500 kulawarga, sami dhatêng Palembang. Ing wulan Juli wontên ingkang kaangkatakên dhatêng Sêlêbês 1700.

Angsal-angsalanipun Pakaryan Post. Angsal-angsalanipun Pakaryan Post wiwit wulan Januari dumugi October 1937, tumrap post f 10.830.559.-, telegram f 4.025.448.-, telefon f 6.258.382.-. Tumrap pêpetangan makatên ing taun kêpêngkêr, post f 10.296.757.- telegram f 3.630.560, telefon f 5.706.728.-.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, M. Mohamad Noerwi, asistèn wêdana ing Limbangan, distrik Boja, kabupatèn Kendal, paresidhenan Sêmarang, dados asistèn wêdana pulisi ing kitha Sêmarang. M. Danar, Aib. nindakakên padamêlan mantri veldpolitie, dados asistèn wêdana paresidenan Sêmarang.

NAGARI WALANDI

Telefoon saking nagari Walandi dhatêng Malaka. Miturut wartos, wiwit tanggal 1 December punika wontên bikakan sêsambêtanipun radio-telefonisch saking nagari Walandi dhatêng Malaka. Ingkang dipun angge miturut lampah Amsterdam-Bandung tuwin Bandung-Kualalumpur. Waragadipun ing dalêm tigang mênit f 36.-

Kapal kandhas. Kapal mail gadhahanipun Mij. Zeeland nama Prinses Juliana kandhas wontên sacêlakipun Cadzand, jalaran saking kandêling pêdhut. Ingriku kêpêksa andhatêngakên kapal kangge têtulung. Bêbaya botên wontên, saha kakintun botên pêrlu kapitulungan ing kapal sanès sampun sagêd uwal piyambak.

EROPA

Jendral ingkang dipun cêpêng. Ing bab wontêning ebah-ebahan ing Prancis saya pinanggih rame. Satunggaling jendral nama Duseigneur, ingkang rumiyin nate nglampahi dados minister babagan anggêgana, dipun cêpêng ing pulisi saha griyanipun dipun gledhah, amargi kadakwa ngêdêgakên pakêmpalan ingkang nêdya nêrak anggêr-anggêripun Nagari, tuwin wontên tiyang sanèsipun malih ing golongan katingal ingkang dipun cêpêng. Mênggah pakêmpalan wau sajatosipun nama C.S.A.R. saking ringkêsaning nama Comite Secret Action Revolutionnaire. Pakêmpalan wau ugi gadhah sêdya nênarik têtiyang siti ing Afrika-Lèr, ingkang katindakakên dening golongan militèr.

Anggènipun nyarèkakên layonipun Mc. Donald. Ing tanggal 25 November kêpêngkêr, layonipun Mc. Donald ingkang dipun bêkta ing kapal pêrang Apollo sampun dumugi ing Devonport, dipun hurmati dening wadya lautan 100. Layon dipun andhapakên dening matroos 8, lajêng kainggahakên ing gêrbong ingkang sampun dipun sadhiyakakên. Layon lajêng kajujugakên ing Westminster Abbey. Hertog Gloucester rawuh ingriku minangka wêwakil nata Inggris.

AMERIKA

Pakèwêd ing salêbêtipun pabrik waja. Jalaran saking mandhaping panggaotan waja, pabrik kêpêksa ngirangi wancining nyambutdamêl têtiyang cacah 500.000. Kawontênan ingkang kados makatên punika lajêng nuwuhakên raos botên sakeca.

ASIA

Bab prahara ing Philippina. Sampun sawatawis dintên, ing Manila katrajang ing prahara ing dalêm saminggu kaping kalih, ingkang kêtênggêl ing pulo Visayani, adamêl tiwasing tiyang 125. Miturut wartos rikating lampahipun angin, ing dalêm saêjam 160 km. adamêl kapitunan 800.000 pond sterling. Ing satunggiling pulo kemawon wontên griya ambruk ngantos 10.000.

--- 1519 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya

30

Ing batos, Ilya anggraita makatên: He, têka anèh bangêt, ana satriya nunggang jaran kathik kêturon. Geneya têka ora ngaso ana ing pakuwone, yèn pancèn ngrasa sayah. Kira-kirane iki dudu satriya bôngsa Rus, nanging wong mônca.

Ing kala punika manahipun inggih lajêng kêmropok kapengin apêrang tandhing ijèn sami ijèn kalihan satriya numpak kapal ingkang agêngipun tanpa tandhing punika. Ilya lajêng nyêmêthi kapalipun sarana cêmêthi sakiyatipun sêdya nusul lampahipun satriya mônca wau. Sakêdhap kemawon Ilya inggih lajêng sampun sagêd anututi, sarta lajêng asêsumbar ngajak apêrang tandhing. Nanging satriya rasêksa botên tangi saking anggènipun tilêm, dene kapal ingkang dipun tumpaki lumpahlumampah. têrus. Panantangipun Ilya ngantos dipun ambali kaping kalih kaping tiga, nanging tanpa dipun wangsuli. Ingkang makatên wau andadosakên nêpsunipun Ilya, awit angrumaosi manawi panantangipun botên dipun rèwès babarpisan. Salajêngipun, Ilya nuntên nyandhak gadanipun sarta kadhawahakên ing baunipun kiwa satriya rasêksa botên kenging botên têmtu pêjah. Nanging kawontênanipun botên makatên. Satriya rasêksa botên dhawah saking kapalipun, nanging malah taksih têrus tilêm.

Ilya lajêng angudaraos makatên: He, anèh bangêt. Sapa sing nyana dene ana satriya tak tibani gada ora tiba saka ing jarane. Jajal tak cobane sapisan êngkas.

Kapalipun Ilya lajêng kaundurakên sawatawis, salajêngipun nuntên kabandhangakên sakiyatipun anututi lampahipun satriya rasêksa wau. Sarêng sampun cakêt, lajêng dipun ancang-ancangi gada kadhawahakên sakiyatipun dhatêng badanipun satriya rasêksa wau. PangrahipunPanggraitanipun. Ilya, satriya rasêksa samangke botên kenging botên têmtu dhawah ing siti. Nanging nyatanipun, kapalipun taksih lumampah têrus, lan satriya rasêksa taksih têrus numpak, tur inggih taksih têrus tilêm. Dados dhawahing gada ingkang samantên soranipun wau, ing sêmu botên wontên dayanipun babarpisan tumrap satriya rasêksa punika.

Ilya anggraita malih: E, ladalah, sêmune anggonku nibakake gada iki kurang sêru. Jajal tak kaping têlune, yèn pancèn mêksa ora pasah, êmbuh mêngko kapriye kadadeyane.

Ilya nuntên anyêmêthi kapalipun sora sangêt, ngantos kapalipun angadêg mêncolot nututi satriya rasêksa, sarêng sampun katututan malih, gada lajêng kadhawahakên sarosanipun, ngantos prasaksat adamêl orêging rêdi-rêdi ing sakiwa-têngênipun ngriku. Ing kala punika satriya rasêksa anglilir saking anggènipun tilêm, ngucêk-ucêk mripatipun, saha lajêng awicantên makatên:

Tobat, tobat, panyokote lêmut ing Ruslan iki kok iya lara.

Sasampunipun wicantên makatên wau, satriya rasêksa lajêng nyandhak Ilya tuwin kapalipun sarta lajêng kalêbêtakên kanthongipun. Sasampunipun makatên, botên watawis dangu satriya rasêksa mêrêm malih mripatipun, lan salajêngipun kalihan tilêm, anglajêngakên lampah tanpa mandhap saking kapalipun. Sarêng lampahipun sampun sadintên sadalu, ing sêmu kapalipun sampun botên kiyat malih, ing wusana kêsandhung saha lajêng dhawah ing siti. Satriya rasêksa gregah tangi, nyandhak cêmêthinipun, anyabêt kapal sarwi awicantên sêmu nêpsu makatên:

He, geneya kowe têka tiba, apa kowe wis kaplak bangêt, nganti ora kuwat tak tunggangi. Apa kowe wêruh bêbaya kang ngancam nyang awakmu, nganti kowe banjur kasandhung lan tiba, ayo tumuli kôndhaa nyang aku.

Botên beda kadosdene suwaraning jalma manusa, kapal amangsuli makatên:

Kadospundi anggèn kula botên lajêng kasandhung, ingatasipun mêntas lumampah ingkang sakalangkung sayah makatên, salami-laminipun kula namung anggendhong panjênêngan piyambak, nanging sampun kalih dintên punika, kula kêpêksa kêdah anggendhong satriya kalih ingkang sami santosa-santosa, kawêwahan kapal satunggal malih. Môngka kula aturi amanggalih piyambak, punapa inggih adil, dene kula kamomotan ingkang samantên awratipun punika, kathik kawêwahan kanthi dipun gêbagi.

Sakala punika satriya rasêksa kemutan dhatêng punapa ingkang sampun kalampahan kala kalih dintên ingkang sampun kapêngkêr. Ilya tuwin kapalipun lajêng kapêndhêt saking kanthonganipun, kaglethakakên ing siti sarta lajêng dipun pitakèni makatên: he, satriya, sapa aranmu, têka kowe wani-wani anêmpuh nyang wong kaya aku.

Ilya amangsuli: yèn kowe takon nyang aku, aku iki satriya saka ing praja Ruslan, papan padununganaku ing Kiyèp, kutha karajaning praja kono. Dene jênêngku: Ilya. Têkaku ing kene iki, kautus ing Prabu Wladhimir, andikakake anêksèni apa nyata, yèn Swatogor iku isih urip. Yèn pancèn isih

--- 1520 ---

urip, geneya nganti tumêkane saiki mung ana ing gunung Kramat kene bae, sarta ora gêlêm mêdhun ana ing praja Ruslan, awit saupama nganti gêlêma ana ing Ruslan, tak pêsthèkakê yèn para kawula ing Ruslan mêsthi bakal ngaji-aji nyang dhèwèke. Wis sawatara minggu anggonku anggolèki Swatogor, lan gunung Kramat iki kêna tak arani wis kêmput anggonku ngubêngi, ewasamono aku mêksa durung bisa katêmu karo Swatogor.

Satriya rasêksa amangsuli: Bangêt andadèkake bungahku, Ilya, dene kowe wis amrêlokake anggolèki satriya kang aran Swatogor. Mungguh sanyatane kowe ora prêlu anggolèki adoh-adoh, sabab wong kang jênêng Swatogor iku saikine ngadêg ana ngarêpanmu. Sanyatane iya aku iki sing jênêng Swatogor. Sabênêre mono aku kêpengin bangêt bisa mudhun ana ing praja Ruslan manèh, prêlu arêp anyatakake kaanane para satriya lan para prajurit ing saiki, apa iya isih padha kêndêl lan prawira kayadene ing jaman biyèn-biyèn. Nanging emane dening ingkang Murbèng Kawasa aku ora kaparêng ngambah ing praja Ruslan manèh, kajaba kudu ngêmungake têtêp ana ing gunung Kramat bae. O, Ilya, mendah kaya ngapa bungahku saupama kowe gêlêm têrus ana ing kene bae, dadi sadulurku lanang, aku kang dadi sadulurmu tuwa, kowe kang anom.

Ilya anyagahi. Salajêngipun satriya kêkalih wau lajêng sami lêlintonan kris tôndha tiyang agami sarta sami prasêtya, salami-laminipun nêdya tulung-tinulung, miturut cara-caranipun têtiyang ingkang sadhèrèkan sinarawèdi manut dhasaring agami ingkang dipun rungkêbi, ing ngriki wontên bedanipun sakêdhik, tiyang kalih wau botên rêrangkulan. Jalaranipun botên sanès, awit badanipun Swatogor punika sakalangkung agêng, ingkang anjalari Ilya botên sagêd dumugi saupamia badhe angrangkul. Sasampunipun rampung anggènipun sami nindakakên tatacara ingkang makatên wau, kalih-kalihipun lajêng sami anglajêngakên lampahipun, têtêgaran mêdal ing perengan ingkang julêg-julêg, anglumpati jurang ingkang lêbêt-lêbêt, tuwin angambah margi ing sangandhapipun wit-witan ingkang kawak-kawak. Sarêng lampahipun wau sampun sawatawis dangu, lajêng dumugi ing margi ingkang mêdal ing antawisipun rêdi kalih ingkang andêdêr, sarta ingkang lampahipun tansah menggak-menggok. Sarêng lampahipun wau dumugi ing tegongan, ing ngriku ujug-ujug wontên barang ingkang sayêktos nganèh-anèhi, inggih punika: wontên satunggiling trêbêla agêng sangêt malang ing têngah-têngahing margi, ingkang rinêngga-rêngga ing mas tuwin salaka, sarta wontên tutupipun ingkang mawi irah-irahan sêratan salaka. Mênggah ungêling irah-irahan wau makatên: trêbêla iki kanggo papane wong kang srêg manggon ana ing kene. Kanthi gumun Swatogor lajêng nyawang dhatêng trêbêla wau, awit piyambakipun sampun wongsal-wangsul ngambah margi punika, nanging salaminipun dèrèng nate amrangguli trêbêla wau. Amila piyambakipun lajêng wicantên dhatêng Ilya makatên:

He, sadulurku nom, coba kowe turona ana ing trêbêla iki. Prêlu kanggo ngyêktèkake, apa trêbêla iki kanggo madhahi kowe, yèn ing besuk kowe tumêka ing pati.

Ilya enggal-enggal mandhap saking kapal saha lajêng tilêman wontên ing trêbêla ngriku. Nanging tumraping Ilya trêbêla wau kêpanjangên tuwin kêwiyarên. Salajêngipun Swatogor nuntên cariyos makatên:

Ora, adhiku, trêbêla iki ora kanggo kowe, dadi saupama kowe mati ora bakal dipêndhêm nganggo trêbêla iki. Saikine aku kang arêp têturon ana ing sajêrone trêbêla kiyi. Jajal tak nyatakne, apa trêbêla iki pancèn kanggo aku.

Swatogor lajêng mandhap saking kapal saha lajêng mapan tilêman wontên ing salêbêtipun trêbêla ngriku. Wontênipun trêbêla kadosdene pancèn dipun damêl kangge Swatogor, awit tumraping Swatogor pancèn inggih srêg sayêktos. Salajêngipun Swatogor cariyos makatên:

Sêmune anggone yasa trêbêla iki mula pancèn iya kanggo aku. Sajake têka kêpenak têmên manggon lan ngaso ana ing sajêrone trêbêla iki. Jajal, adhiku Ilya, tutup trêbêla kuwi angkatên, sarta banjur tutupna ing kene.

Nanging Ilya botên purun mituruti pakènipun Swatogor sarta lajêng amangsuli makatên: Kakang Swatogor, sapisan iki aku êmoh miturut pakonmu, iya iku nutup trêbêla iki, sajrone kakang isih turon ing kono.

Swatogor botên ngucap punapa-punapa. Piyambakipun piyambak lajêng nyandhak tutup wau saha katutupakên ing trêbêla punika. Nanging sarêng tutup wau sampun tumumpang ing trêbêla, sanalika punika kadosdene lajêng nutup piyambak, kêncêng sangêt. Nanging Swatogor tuwin Ilya botên sami sumêrêp dhatêng kadadosan ingkang makatên punika, nanging ing wusana sarêng Swatogor badhe mênyat saking anggènipun tilêman wontên ing salêbêting trêbêla wau, piyambakipun angraos bilih tutup wau, sanadyan kaangkat dening Swatogor sakiyatipun, inggih sampun botên sagêd mênga malih. Swatogor enggal-enggal ngundang Ilya kanthi sêsambat makatên.

Badhe kasambêtan.

--- 185 ---

Nomêr 47, Taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Pamulangan lan lare èstri

Bôngsa-bôngsa ingkang sampun majêng limrahipun sami ngaosi sangêt dhatêng wontênipun pamulangan, jalaran sami sampun mangrêtos saèstu dhatêng agênging paedahipun.

Pamulangan, kangge papanipun anggêlarakên kawruh warni-warni ingkang botên sakêdhik aosipun. Kangge papanipun mêdharakên panggulawênthah warni-warni ingkang agêng gunanipun.

Pamulangan, pirantos ingkang prêmati piyambak kangge ngajêngakên satunggal-tunggalipun golongan, utawi satunggal-tunggagalipunsatunggal-tunggalipun. bôngsa. Mila tumrap tiyang ingkang sampun mangrêtos botên mawi wigih-wigih mêksa anak-anakipun supados sami mlêbêt sinau dhatêng pamulangan.

Pamulangan botên namung maedahi dhatêng lare jalêr kemawon, nanging inggih migunani ugi dhatêng lare èstri, jalaran botên namung para lare jalêr kemawon ingkang prêlu majêng, lare èstri samantên ugi. Para lare èstri inggih prêlu sangêt pintêr, prêlu sangêt gadhah kawruh kathah, prêlu sangêt tampi panggulawênthah ingkang lêrês ing sacêkap-cêkapipun. Dhasar mênggahing tujunipun ingkang saèstu pancèn makatên, wontênipun pamulangan ingkang kathah-kathah punika botên namung kangge para lare jalêr kemawon, nanging inggih kangge para lare èstri ugi.

Tumrap bôngsa kula Jawi ing saperangan agêng dèrèng sami ngaosi dhatêng pamulangan. Ing sêmu sami botên ngandêl bilih pamulangan dados sumbêripun kawruh warni-warni ingkang migunani. Para têtiyang wau sami botên sagêd nyêrat sarta maos, anak-anakipun sami botên kalêbêtakên sêkolah, sami kaumbar wontên ing griya kemawon utawi kapurih nglampahi salah-satunggalipun padamêlan ingkang kenging winastan: botên wontên kasilipun babarpisan.

Wontên ingkang nêrangakên: Bôngsa kula Jawi ingkang sagêd nyêrat tuwin maos namung wontên 8% kemawon. Nitik saking katrangan punika, yèn pancèn lêrês, têtela: bôngsa kula Jawi kamajênganipun dèrèng sapintêna, kamajênganipun dèrèng anggadhahi têgês punapa-punapa wontên [wontê...]

--- 186 ---

[...n] ing antawising bôngsa sanès-sanèsipun ingkang sampun nama sami majêng saèstu.

Langkung-langkung tumrap anak-anak èstri, wontên ingkang gadhah pamanggih, bilih sampun sagêd maos utawi nyêrat sawatawis, sampun kaanggêp cêkap, botên prêlu kasêkolahakên pintêr-wintêr.pintêr-pintêr. Anggêr wontên ing griya sampun sagêd olah-olah.

Ingkang sawênèh botên purun nyêkolahakên anak èstri jalaran gadhah pamanggih: lare èstri ingkang pintêr punika ambêbayani.

Badhe kasambêtan, Murtini.

Rêsèp dhêdhaharan

Bika Ambon

Pathi pohung 1 katos, gêndhis 1 katos, tigan 20, babon (glêpung roti, dhig) panili, toya klapa, santên kalapa 2 iji, kênari, mêrtega.

Pangolahipun: pathi, tigan lan galêpung roti dipun ulèni rumiyin. Lajêng gêndhis, panili, toya klapa lan santên dipun ulèni têrus. Manawi sampun lajêng dipun kèndêlakên sadintên. Salajêngipun dipun pan. Manawi sampun satêngah matêng dipun wur-wuri kênari ing nginggilipun, lan têrus dipun pan samatêngipun.

Widaran banjar

Glêpung cêngkaruk kêtos 1 pon, tigan 10 lan gêndhis 1 cangkir.

Pangolahipun: gêndhis lan tigan dipun ublêk ngantos pêthak, manawi sampun, glêpung kacampurakên. Sasampunipun jaladrèn wau dipun dhêplok ing lumpang ingkang ragi dangu. Manawi sampun dipun cithak lan kawangun warni-warni têrus dipun pan.

Wingka babad

Glêpung kêtos 2 kobokan, tigan 4, gêndhis 1 kobokan, klapa 3 iji, panili 1 sendhok tèh, sarêm 1 sendhok tèh.

Pangolahipun: klapa dipun parud, lajêng dipun campuri tigan, gêndhis, panili lan sarêm. Sadaya wau dipun ulêt têrus kemawon. Lajêng glêpung kacampurakên. Manawi sampun sadaya wau dipun dèkèk ing lèngsèr, têrus dipun pan. Manawi sampun matêng dipun êntas lan dipun asrêpakên, manawi sampun asrêp nuntên dipun irisi.

Wingka babad punika sanajan ngantos saminggu ugi botên punapa-punapa.

Amandhêl kukyês

Amandhêl ½ pon, mêrtega ½ pon, gêndhis ½ pon, glêpung têrigu ½ pon, jênenipun tigan 6, sitrun oli 1 sendhok dhahar.

Pangolahipun: amandhêl dipun rajang lajêng dipun bêbêk kalihan gêndhis. Mêrtega dipun ublêk ngantos pêthak, lajêng jênenipun tigan kalêbêtakên kalih-kalih. Manawi sampun lajêng rajangan amandhêl kalêbêtakên, nuntên sitrun, oli lan galêpungipun. Lajêng dipun cithak lan dipun pan.

Surtinah. Gêdhongan.

--- 187 ---

Linta-lintuning caranipun tiyang nyandhang ngangge

Miturut padatan Jawi kina, kenging dipun wastani nyandhang nganggenipun ajêg, botên purun sontan-santun gagrag, upaminipun rasukan, punika bêdhahanipun sami kemawon, ngantos dumuginipun sapunika kêtêlah dipun wastani rasukan bêdhahan Jawi.

Ing kala bôngsa Jawi taksih lugu, rasukan èstri punika tumrap ingkang dipun angge ing tiyang sêpuh utawi anèm, namung kaot, sêpuh tanpa kuthu baru, anèm ngangge. Kajawi punika ugi manut dhêdhasaring rasukan, kêlêm utawi cêmêng tumrap tiyang sêpuh, ingkang madha ulês tuwin mubyar tumrap para anèm. Kajawi tumrap ing tatakrama, upaminipun sowan para agêng tuwin dhatêng ing pasamuwan, punika limrahipun sami mangangge sarwa cêmêng.

[Grafik]

Nanging lampahing jaman sampun botên kenging dipun pambêngi malih, tindak puguh botên badhe ewah punika botên wontên, dangu-dangu inggih lajêng kêdhêsêg, caraning bêdhahan rasukan lajêng santun gagrag kilenan, limrahipun dipun wastani potongan jas. Ing nalika sawêg enggalan, sajak katingal nyalênèh, nanging dangu-dangu, manawi wontên tiyang èstri ngangge rasukan botên makatên, malah gêntos dipun wastani anèh. Gagraging wangun rasukan punika tansah lumintu tanpa kêndhat, punika nandhakakên bilih dados ajênging satunggalipun kagunan, mila inggih lajêng kathah wanita ingkang dipun wastani mumpuni ingatasing damêl rasukan.

Makatên ugi ing bab tataning telad-tinelad, punika pinanggihipun wontên ing jaman sapunika inggih sampun limrah, upaminipun ing satunggiling nagari, têtiyangipun èstri rêmên mangangge sarwa mubyar, punika lajêng santun nelad mangangge kêlêm kados sacaraning nagari ingkang dipun telad. Kosokwangsulipun, têtiyang nagari ingkang rumiyin rêmên ngangge sarwa kêlêm, gêntos rêmên mangangge ingkang sarwa mubyar. Makatên ugi sandhang pangangge sanès-sanèsipun, ingkang bangsaning mas-masan tuwin kêlip-kêlip.

Para maos sagêd nguningani gambaring para kênya ing Minahasah ingkang kacêtha ing nginggil punika, ingkang sarwa rinêngga ing êmas-êmasan. Tumrap ingkang nêmbe uninga tuwin ingkang raos botên cocog, tamtu maoni. Nanging bokmanawi wontên ugi ingkang cocog, trêkadhang malah purun nelad.

--- 188 ---

Sinjang Kêmbang Kênanga

Sinjang kêmbang kênanga punika manawi dipun tingali sabrebetan kadosdene kawung, nanging nyatanipun beda, dene bedanipun wau, pinanggihipun ingkang kangge jêjêr awujut tembokan, sanès malinjonipun, tuwin tembokanipun wau ing sabên saklowongan dipun pêcah, botên blêg, mila ing ngriku katingal bilih sajatosipun sinjang wau latar cêmêng. (Kathah cêmêngipun).

[Grafik]

Sinjang kados makatên punika panyêratipun mawi garisan, kêgolong sêratan ingkang enggal dados. Panyêratipun, sakawit damêl kêlowongan, mangke gathuking kêlowongan lajêng mujudakên mêlinjon. Dadosing sinjang, soganipun pinanggih wontên ing têngah mlinjon, ingkang dipun wastani isèn-isèn: cacah gori, tuwin pinanggihing wêngkuning tembokan. Nanging sajatosipun manawi dipun tingali sabrebetan, cêcêg wau botên patos dipun wigatosakên. Namung tumraping tiyang ingkang nitik awon saening sinjang, punika sagêd angyêtosi saking isèn-isèn, ingkang dipun wastani sawud cêcêg wau.

Sinjang kados makatên punika lênggahipun namung dipun angge ing para sêpuh, tumraping para anèm botên rêmên, jalaran saking anggènipun kirang mubyar. Makatên malih manawi mirid wanguning sêratan, punika namung mathuk dipun angge ing tiyang èstri. Nanging salugunipun raos kados makatên punika dèrèng tamtu sagêd anocogi dhatêng raosing ngakathah. Namung ing ngriku wontên kajêng ingkang miturut raos kina, inggih punika wontênipun tiyang èstri dipun pêpantês ngangge sinjang ingkang kados makatên punika, wosipun kapurih prasaja.

Tumraping para wanita kados sampun botên kêkilapan patraping nyandhang ngangge ingkang angsal laras, ingkang basanipun ngamônca dipun wastani: sêmak, awit saening panyandhang punika botên tamtu jalaran saking sae tuwin mubyar murubing pangangge, trêkadhang namung saking anggènipun sagêd ngêtrapakên gothak-gathuking pangangge wau, upaminipun tapih tuwin rasukan, punika manawi kalêrêsan, damêl ngalelanipun ingkang ngagêm. Upaminipun sinjang kêmbang kênanga punika, dhêdhasaripun latar cêmêng, mathukipun malah dipun ênggèni rasukan ingkang dhêdhasar cêmêng, punika manawi ingkang ngagêm angsal putri ingkang pakulitan jêne, sagêd kalêbêt ing ucap: kaya intên bisa dharat.

Biyang Sri.

[[1521]

Ôngka 97, Stu Pa, 1 Sawal, Ehe 1868, 4 Dhesèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Nomêr Lêbaran

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Adining Sawangan ing Rêdi Marapi.

[Grafik]

[Dhandhanggula]

Sumirating hyang arka nêngsêmi / mêmanise dènirarsa oncat / kadi angêsrahkên gawe / arsa umanjing dalu / sêsirating mega lan langit / rasa pindhaning karya / kang palastha wutuh / jroning ari kang tininggal / isi sanggyèng rahayu bagya basuki / anrus ing Ariaya //

Mila nuju dhawahing Riadi / golonganing redhaksi kalawan / administrasi drikêre / ngaturkên bagya ayu / maring sanggyèng para nupèksi / galap-gangsuling lampah / saru sikunipun / lêbura ari punika / sinambunga supêkêt rakêt salami / dinohan sambekala //

--- 1522 ---

Mula Bukanipun Dintên Riadi.

[Asmaradana]

wrêdha mudha samya brangti / ngluhurkên Ariaya /Kurang satu suku kata: ngluhurkên Ari riaya. sagung umat Islam kabèh / jalu tanapi wanita / anênggih sabuwana / tartamtu tan samya limut / dhumatêng dintên punika //

tumanêm nèng sanubari / dènira angantya-antya / dupi prapta ing mangsane / tanggal juga sasi Sawal / samya asuka-suka / umyung suwaraning makluk / warna-warna solahira //

suka-parisuka ngênting / kongsi jangkêp pitung dina / tanna janma nambutgawe / muhung samya suka-suka / langkung-langkung pra mudha / samya tuwi pinisêpuh / saprêlu anglêbur dosa //

salêbêtira sawarsi / lêbura dintên punika / mula para wrêdha kabèh / yèn pinuju Ariaya / tansah samya sudhiya / awit kathah anak putu / kang prapta halal-bihalal //

mênggah wontênnya Riadi / praptanira ing samangkya / naluri kuna-kunane / tan liyan panutan kita / Kangjêng Nabi Muhamad / salallahu ngalaikum / nayakaning rat ing Mêkah //

punika kang dèn lêluri / marang sagung umat Islam / mangkana mungguh gancare / nalika Jêng Nabi duta / pêrang lan kapir raja / Sang Prabu Lakat jêjuluk / ing satêmah Nabi kita //

yudanira pan kajodhi / kaplajêng manjing jro guwa / nyingidakên sarirane / sabab lamun tan mangkana / cupêt agama Islam / tan bangkit turun-tumurun / mangkana ingkang carita //

laminira Kangjêng Nabi / dènnya tapa nèng jro guwa / tinuturkên anèng tarèh / kongsi têlung puluh dina / pinuju wulan Ramlan / awit tanggal juga iku / praptèng tanggal tigang dasa //

lagya kondur Kangjêng Nabi / marang ing nagara Mêkah / dene para janma kabèh / dènira nglakoni pasa / wit iku rukun Islam / limang prakara puniku / dènnya klêbu rukun Islam //

sababira Kangjêng Nabi / dènnya kaplajêng ring guwa / nglakoni dhawuhing Manon / mêncarkên agama Islam / wusana ana janma / ingkang nêdya nyapu lêbu / marang ing agama Islam //

têmahan dadya ajurit / ananging Jêng Nabi Duta / tan nêdya owah galihe / awit iku dhawuhira / ingkang murbèng bawana / kang supaya para makluk / nglakoni agama Islam //

rame dènira ajurit / wusana Jêng Nabi Duta / katèmpêr soring apupoh / nulya lumajêng ing guwa / de pra umat sadaya / tan wontên owahing kalbu / dènira mèstu jêng duta //

mustapa ingkang sinêlir / mila ing salaminira / Jêng Nabi nèng jro guwane / sabên surya sampun sêrap / pra sakabat umarak / bêkta ubarampenipun / sadaya kang dhêdhaharan //

katur dhatêng Kangjêng Nabi / mangkana ing sabên dina / pra sakabat gêntos-gêntos / ingkang ngintun dhêdhaharan / sarêng sampun andungkap / wontên ing tanggal salikur / Jêng Nabi darbèni karsa //

kondur marang ing nagari / sadaya pra umatira / wus samya lêga manahe / wus nganakkên suka-suka / nanging Jêng Nabi Duta / apan durung karsa kondur / wit ana dhawuhing Sukma //

yèn durung kalilan bali / maksih kathah alangannya / para sakabat ing batos / samya nuwun ring Hyang Sukma / supadya enggal luwar / nuli kondur mring kadhatun / wusana maksih alama //

praptaning sapuluh ari / tanggal siji wulan Sawal / sêraping surya wancine / kondur Kangjêng Nabi Duta / tan kurang siji apa / pra sakabat suka klangkung / sadaya anulya sowan //

nèng ngarsanya Kangjêng Nabi / samya nyuwun [nyuwu...]

--- 1523 ---

[...n] pangapura / dosanya kang wus kalakon / salêbêtira sawarsa / lêbur ing Ariaya / kang sarta dina puniku / nganakakên andrawina //

ingkang tumuju ananing / Riaya dènnya puasa / Kangjêng Nabi sayêktine / saking bungah-bungahira / dene panutanira / wus lami nandhang wulangun / tajin dhahar lawan nendra //

mila praptaning samangkin / puasa ing wulan Ramlan / maksih linuri anane / mring sagung umat sadaya / awit saking punika / kadya kang kasêbut ngayun / nalurine duk ing kuna //

Panjurung.

Silaturohmi Utawi Halal-bihalal.

Manawi sawêg dipun tingali sagêbyaran, adhakanipun tiyang gadhah pangintên, bilih dintên Bakda Riadin punika namung dintên kangge nglairakên kabingahan lan sênêng-sênêng, awit, kawontênan ing dintên wau mila pancèn kados makatên gumêlaripun, bôngsa kula Jawi ngumumipun, botên badhe anyilaki dhatêng bab sênênging manah manawi nglêrêsi ing dintên Lêbaran, sanadyan bingahipun wau tamtunipun inggih saundha sabilik-bilik, nanging agêng alit, sugih miskin sami kemawon gumbiranipun.

Katôndha ugêr sampun ngancik prêpêgan bakda kirang sadintên, ebahipun tiyang ingkang sami tata-tata badhe Riadinan lir gabah dèn intêri. Dalasan untabipun tiyang dhusun ingkang sami nyambutdamêl bêbêrah punapadene ingkang sami ngèngèr wontên ing kitha utawi nagari, pating balêbêr akêrig lampit sami mantuk dhatêng dhusunipun, ngantos ing kitha katingal sêpên tiyang sêsadean.

Tumrap ingkang wontên pangengeran, botên purun kantun, ugi tumut nimbrung badhe mantuk sarêng ing dintên wau, sanadyan piyambakipun dipun iming-imingi bilih kawontênanipun bakda ing kitha langkung sae lan langkung rame, punika babar-pisan botên kamanah lan botên praduli, dalah kacandhêt (kapambêng) dhatêng lurahipun, kapurih bidhal mangke ing sabibaripun ngrencangi olah-olah kangge ARiayan kemawon, sampun botên purun sabar malih. Sanadyan dipun ajrih-ajrihi manawi badhe mantuk sapunika namung badhe dipun sukani êmpingan balônja sapalih blanjan, mêksa inggih nêkad lan adrêng kêncêng, kaparêng botên kaparêng namung nyuwun pamit bidhal mantuk ing dintên punika, mênggah santolanipun botên sanès, kajawi namung badhe sênêng-sênêng bakdan wontên ing griyanipun piyambak, pinanggih sanak sadhèrèk saha nyawang dhatêng anak putu, punika lajêr ingkang dados bakuning kabingahanipun.

Awit saking kawontênan ingkang kados makatên punika wau, mila botên kalèntu tiyang ingkang mastani bilih dintên Lêbaran punika satunggiling dintên [dintê...]

--- 1524 ---

[...n] agêng lan dintênipun tiyang sami bingah tuwin sênêng-sênêng, amargi cocog kalihan gumêlaripun kawontênan. Nanging mênggah sajatosipun, ing dalêm dintên Lêbaran wau, wontên prakawis ingkang prayogi dipun èngêti, inggih punika bab silaturohmi utawi halal-bihalal. Mila ing ngriki prêlu kapratelakakên kalihan cêkak, bab têgêsing têmbung: silaturohmi utawi halal-bihalal, amargi punika pancèn wigatos, lan prêlu kasumêrêpan dhatêng umum langkung malih tumrapipun pakêmpalan.

[Grafik]

Silaturohmi punika têgêsipun: nyambung sih. Dene halal-bihalal makatên têgêsipun: kalal-kinalalake utawi lila-linilakake, têrangipun kados ta upami: klojak-kalajuking ngangge barang darbèkipun liyan, klinta-klintuning ginêm, utawi kaladuking rêmbag ingkang dados nuwuhakên saksêrik lan saru-siku sapanunggilanipun, punika sadaya mugi sami dipun kalalakên, dipun lilakakên, utawi kabengkas sami sanalika, ing dintên punika, dados halal-bihalal punika cêkakipun: apura-ingapura.

Wontênipun sabên Lêbaran Siyam, sami silaturohmi dhatêng sanak sadhèrèk, saha tumrapipun pakêmpalan damêl pêpanggihan halal-bihalal kalihan warganipun, amargi manungsa punika namung tansah kêbak ing pangodha, ingkang lajêng ambujêng prêlunipun piyambak, botên maèlu kawisunaning liyan, ingkang tundonipun adamêl êcrah lan pasulayan, tur botên namung dhatêng sanès bôngsa kemawon, dalah bangsanipun piyambak dumugi kulawarganipun pisan inggih asring cêcongkrahan, môngka congkrah punika têtela botên wontên saenipun, malah sagêd damêl kapitunan ing sadayanipun, amila wajib dipun singkiri têbih.

Dene nyingkiri cêcongkrahan, kalihan ambangun sih katrêsnan, punika pancèn dados bakuning pasadherekan, tuwin sami kemawon kalihan bakuning kajêngipun pakêmpalan-pakêmpalan, inggih punika kêdah sami katancêban manah rukun purun tulung-tinulung lan samad-sinamadan. Samôngsa tiyang pasadherekanipun sagêd kados makatên, tuwin pakêmpalan ingkang warganipun sami sayuk iyêg ru-

--- 1525 ---

[Grafik]

kun saeka-kapti, inggih sae, jêr sampun kasêbut ing dalêm kôndha: rukun agawe santosa, punika yêktos, amargi bêbasanipun malih wontên: yèn sira arêp nyandhang sasuwèk, kirim karcis sailat, mangan sêga sapulukan, iku kudu ana tangan sèwu kang tumandang.

Nanging manawi tiyang utawi pakêmpalan tansah bèncèng cèwèng inggih botên prayogi amargi sampun kalêbêt ing pocapan: êcrah bubrah, punika pancèn nyata. Awit saking punika, panyuwun kula dhatêng para maos Kajawèn sadaya, saha dhatêng bôngsa kula ngumumipun, halal-bihalal sabên Lêbaran Siyam wau sampun namung kèndêl satatacara kemawon, nanging ugi kaparênga sami nglêbêtakên ing panggalih, punapa wigatosipun silaturohmi kados ingkang kula aturakên ing nginggil. Wasana sami anglanggêngakên pangapuntên.

Karta.

--- 1526 ---

Riadin Lêbaran Ing Madinah.

Sadèrèngipun nyariyosakên ingkang dados bakuning prêlu, kasêlanan rêmbag rumiyin sawatawis, minôngka bêbukaning cariyos. Miturut pèngêtanipun ingkang sampun nate nglampahi dhatêng tanah Ejas, anyariyosakên kawontênaning nagari Madinah, cuplikanipun sawatawis kados ing ngandhap punika :

[Grafik]

Mêsjid saha pasareanipun Kangjêng Nabi Muhamad ing Madinah.

Nagari Madinah saha talatah sakiwa-têngênipun, punika kathah patilasan kina ingkang dados pajiyarahanipun têtiyang ngamônca, nanging patilasan wau ingkang kalêbêt misuwur (kacêluk ing ngakathah) inggih punika: Masjid Kubak, Masjid Bagendha Kamjah, tuwin ing Bakik. Bakik punika satunggiling pasarean agêng, para sakabat ingkang sumare ing astana ngriku, kirang langkung wontên sadasa èwu, cacah samantên wau ingkang kathah para sakabat ingkang taksih darah Nabi.

Dene masjid ing Kubak, punika ugi kalêbêt masjid ingkang sampun kina sangêt, kacariyosakên, masjid wau iyasanipun Kangjêng Rasul nalika linggaripun (hijrah) saking nagari Mêkah. Rawuhipun ing Kubak, inggih punika namaning satunggilipun dhusun ingkang têbihipun kalihan kitha Madinah, taksih lampahan gangsal kilomètêr, wontên ing ngriku lêrêm saha angadêgakên masjid wau, mila masjid ing Kubak punika kenging sinêbut masjid kawitan ingkang ngadêg sapisan ing tanah ngriku. Kajawi punika, sarawuhipun andika Nabi ing kitha Madinah, ing ngriku lajêng angawontênakên dintên agêng kalih, inggih punika: Riadin Lêbaran, saha Riadin kurban. Dintên Riadin kêkalih punika, minôngka kangge gêgêntosipun dintên: Naorus lan dintên: Mahrajan, ing dhatêng Naorus tuwin Mahrajan punika, dintên karameanipun tiyang Madinah

--- 1527 ---

ing jaman rumiyin. Wiwit dintên wau kasantunan, lajêng Riadin gêntos ingkang tumindak dumugi sapriki.

Mila ngadat limrahipun tiyang Madinah, ugêr sampun ngancik wulan Siyam, sabên ing wanci sontên sami dhatêng ing masjid, wontên ing ngriku sami mapan linggih sacêlakipun pasareanipun Nabi, sambènipun sami maos Kuran utawi salawat, ngantos dumugi sêrap. Manawi sampun mungêl mariyêm têngara manjingipun buka siyam, lajêng sami nêdha pêpanganan sawatawis, kintunan saking griyanipun piyambak-piyambak. Pêpanganan wau satirahipun kangge buka sakônca grombolanipun, kasukakakên dhatêng pêkir miskin ingkang sami wontên ing ngriku, sasampuning rampung anggènipun sami buka, lajêng ngadêg jamangah magrib, tumuntên bibaran sami mantuk.

Wêdalipun saking masjid wau, trêkadhang mawi ngampirakên sanak sadhèrèk utawi tamu ingkang pinanggih wontên ing ngriku, kaajak andumugèkakên buka dhatêng ing griyanipun, cara makatên punika sampun dados ngadat kalimrahanipun têtiyang ing ngriku. Manawi sampun wanci ngisak, sami wangsul malih trawèh dhatêng masjid, ing ngriku dipun wontêni imam (pangajêng) kirang langkung sawidak, sarta ing sangajêngipun imam wau, dipun sukani tôndha dilah lilin dhudhuk inggil (standaard) tôndha wau anêdahakên bilih imam punika trawèhipun: alon, sêdhêng, utawi rikat. Mila dilah lilin ingkang minôngka kangge têtêngêr wau wujudipun warni-warni, wontên ingkang cagakipun mas utawi salaka. Wondene têtiyang ingkang sami dhatêng ing ngriku, sagêd milih badhe trawèh tumut dhatêng grombolan pundi ingkang dipun kajêngakên. Makatên kawontênan sabên dalu ing salêbêtipun wulan Siyam.

Manawi trawèh kantun sadalu ingkang pungkasan, sabibaripun sêmbahyang, dilah-dilah lilin wau kawangsulakên dhatêng gêdhong pasimpênan ing sacêlakipun pasarean Nabi, mawi dipun jênêngi para pangagêng tuwin para ingkang sami tampi ulêman, kawontênan kados makatên punika kawasatanan: karamean lilin. Ing dalunipun malih lajêng santun karameaning dintên malêm bakda Siyam.

Dintênipun bakda enjing, têtiyang lajêng sami ngrasuk busana pameran, saha mrêlokakên sami sêmbahyang Riadin dhatêng masjid, ing ngriku sampun dipun wontêni imam kalih, satunggal: Sapingi, satunggalipun: Kanapi. Lajêng sami ngadêg sêmbahyang sêsarêngan dados kalih golongan. Sarampungipun salat Riadin, sami sowan ing pasareanipun Kangjêng Rasul, sabibaripun saking pasarean, sadaya sami mantuk, saha lajêng sami silaturohmi, pêpanggihan kalihan sanak sadhèrèk tuwin mitra karuhipun, kajawi pinanggih prêlu suka wilujêng ing dintên Lêbaran, kalihan pasangyogi anglairakên nêdha pangaksama sagunging kalêpatan ing salêbêtipun sataun kapêngkêr, linêbura ing dintên punika, kantuna sami trêsna asihipun kados sadhèrèk ingkang tunggil sakanthèn, lastantun dumugi dintên Lêbaran ing taun ngajêng malih, kanthi rahayu wilujêng ingkang pinanggih.

Sarampungipun sami halal-bihalal, lajêng sami bingah-bingah lan sênêng-sênêng nutug dumugi satêlasipun dintên Riadin.

M. Latib.

--- 1528 ---

Ngundhuh Wohing Kasaenan.

Ing dhusun sapinggiring margi ingkang botên têbih saking kitha, wontên pènsiunan mantri guru H.I.S. nama Masbèi Martaraharja, umur-umuranipun sampun suwidakan. Labêt saking tiyang ayêman ing manah, masbèi mantri guru wau katingal taksih rosa. Anggèning gêgriya wontên ing dhusun ngriku punika namung kalihan ingkang èstri, ingkang babag umur-umuranipun.

[Grafik]

Rukuning tiyang jêjodhoan.

Masbèi Martaraharja punika misuwur kala rumiyin dipun trêsnani ing para muridipun, tindakipun manawi mulang: kêrêng, adamêl ajrihing lare, nanging botên nabêti adamêl sêrik. Mila para tilas muridipun inggih tansah èngêt dhatêng tilas guru ingkang ambêk sae wau.

Ing kalanipun taksih cêpêng damêl, sanadyan Masbèi Martaraharja punika mantri guru, katingalipun sajak ngêbrèh, botên sumêrêp ing petang. Nanging sajatosipun anggèning gadhah wêwatêkan makatên punika saking dhêdhasar rêmên têtulung. Kathah pitulunganipun masbèi dhatêng tiyang kasusahan, nanging wataking tiyang, dayaning pitulungan punika namung katingal ing kalanipun sawêg dipun tindakakên, salajêngipun sampun botên katingal malih.

Lêbaran namung kirang sawatawis dintên, ing griya taksih sêpên. Ing wanci dalu nyai mantri guru nuju dondom-dondom kawêdal panggrêsahipun: iki wis cêdhak Lêbaran, durung duwe apa-apa, ora bisa nganyarake prabot.

Masbèi mantri ingkang nuju maos sêraksêrat. kabar wontên ngajêngipun ingkang èstri mangsuli sêsakecanipun: nyai, aja sok kelingan ing dhik jamane isih cêkêl gawe, kêrêp sêsrawungan karo priyayi akèh. Ing saiki wis pènsiyun, manggon wis sumingkir ana papan kang sêpi, môngsa anaa wong kang têka mrene. Yèn bisa, ya gawe apa kono saanane, ora usah ngaya-aya, prakara omah waton wis rêsik, rak uwis. Ngèlingana yèn pansiyunmu suda.

Nyai mantri: Ênggih sampeyan pak bèi, sakeca mawon, balik kula niki tiyang èstri ontêne mung rikuh. Napa ênggih yèn didhatêngi lare botên disuguh lan dipapanake sing sêkeca.

Masbèi: Kowe isih ajêg bae kaya ngono, ora gêlêm nyuda, pirabara marèni.

Nyai mantri: Wong anu pak bèi, yèn kula gagas-gagas, gih sampeyan kiyambak sing lêpat, kêngêbrèhên [kê...]

--- 1529 ---

[...ngêbrèhên] têng bôndha, sarêng ontên prêlu, kapiran kiyambak. Hara cobi yèn kêribêdan ngètên niki, gêntos nêdha tulung têng sintên.

Masbèi kèndêl anggènipun maos, lajêng mapan anggènipun linggih, wusana wicantên: nyai, aja sok ngrasani lêlakon kang kêpungkur, alaa, bêcika, wis aja sok diungkat-ungkat, mundhak ora bêcik. Kowe ngèlingana uripmu saiki, aja tansah tumênga nyawang kaananing liyan.

Nyai mantri kèndêl kemawon, lajêng kesah saking ngriku.

Sampun dados wataking èstri ingkang kados nyai mantri guru, sabên wontên kalamangsanipun ingkang kados makatên, lajêng kèngêtan dhatêng gêsangipun kala rumiyin, nate sêsrawungan kalihan priyantun kathah, dipun sêpuh-sêpuhi para anèm, kados punapa rikuhipun manawi ngantos ewah saking padatan, harak ngisin-isini yêktos.

Mindhak dintên Lêbaranipun saya cêlak, radinan sangajênging griya anglur kangge langkung tiyang ingkang sami mlampah mantuk dhatêng pêkên, tôngga têpalih sacêlakipun ngriku sami mampir ngajak nyai mantri dhatêng pêkên. Kawontênan kados makatên punika tumrapipun nyai mantri adamêl botên sakeca ing manah. Makatên ugi tumrap masbèi mantri, sarêng sumêrêp sêsulakipun ingkang èstri kados makatên, inggih rumaos lajêng gorèh ing manah. Nanging sarèhning tiyang sampun ngumur, inggih namung dipun sabarakên saha nglêlipur dhatêng ingkang èstri, têmbungipun makatên: Lêbaran iki rak isih mênangi tanggal, ta, ya srantèkna besuk yèn wis tômpa dhuwit, andadak bae rak iya bisa.

Nyai mantri: Wong prakara ngètên kok dadakan, sawêg baune mawon ênggih êmpun botên kêcukup.

Masbèi mantri: Apa karêpmu aku koêkon utang-utang, bèn rêkasa. Sing sabar ta nyai.

Anggènipun ginêman tiyang kalih pating grunêng wontên salêbêting griya, pating glayêm sêsakecanipun, awit masbèi mantri kalihan nyainipun punika botên nate grêjêgan, ingkang ngantos kêmirêngan ing tiyang sanès.

Ing salêbêtipun ginêman wau, kêsaru wontên suwara: kula nuwun. Masbèi mantri lajêng mêdal, sumêrêp ingkang dhatêng wau abdi sêtenan, saha lajêng matur makatên: manawi dara putri badhe damêl dhaharan, dipun aturi sarêngan wontên sêtenan babar-pisan, supados mayar. Kalihan punika ngaturakên sêrat.

Masbèi mantri dèrèng ngantos mangsuli sampun dipun wangsuli saking nglêbêt: matura karo dara dèn ayu, aku durung karuwan gawe dhaharan: ya. Yèn sêla aku tak sowan dhewe.

Sawangsuling kengkenan, nyai mantri wicantên: ta, pripun niku, napa sampeyan gih botên lingsêm, sabotên-botênane, tilas priyayi niku ênggih têksih dirampèk priyayi. Napa sampeyan ajêng mung mêrêm mawon. La, niku wau sêrat napa.

--- 1530 ---

Masbèi mantri: Wong yèn lagi kojur, iki layang tagihan dhuwit tanggung jiwa, lowong sêsasi durung tak bayar, sapuluh rupiyah. Iki manèh tagihan layang kabar. Kabèh kudu ambayar têtulas rupiyah. We iki ana tunggale manèh. Hêm, wurung Lêbaran sida ngênês têmênan.

Nyai mantri: Kula rak êmpun matur: ta, lêngganan sêrat kabar: kèndêl, tanggung jiwa mêdal mawon. Sêrat kabar niku rak kêbêtahane tiyang sing têksih cêpêng damêl. Puruna ngampil têng sêtènan mawon, rak ênggih êmpun angsal.

[Grafik]

Bingah-bingah ing dintên Ariadi.

Masbèi mantri: We, hla, ing bab layang kabar, aku ora bisa pisah, nyai, yèn prakara nyilih nyang sêtènan, ora bisa. La kapriye, ta, malah layangku kabar iki sabên têkan kene wis lênyu, diwaos ing priyayi. Mêngko dhisik nyai, êlo, gilo, ana wisêle, saka Prawirakarta, sèkêt rupiyah. Dhuwit apa: ya. O, iya, iki dhuwit anggone nyilih dhèk dhèwèke kêslêpêk kêkurangan dhuwit. Iki manèh saka Tanjungpandhan. O, saka Darmin, klèrêk sing dhèk biyèn dadi tôngga kae, salawe rupiyah. Iki dhuwit sing kanggo ambayar dhokêr. Iki salawe manèh, saka ... Sumasastra. O, anu, si Surija. Kae ta nyai, bocah sing nyrèmpèt dhuwit dhèk barêngan ana sêpur, arêp nyang Surabaya.

Nyai mantri: Sampeyan niku criyos yêktos, napa gêgujêngan, ta.

Masbèi mantri: E, apa aku goroh. Malah iki ana loro manèh, nglimang rupiyah. Nah, saikapriyesaiki priye. nyai, iki pikolèhe wong sabar, ora ngira yèn tinêmune kaya ngene.

Nyai mantri: Dados artane ontên satus sadasa rupiyah, wah, gih êmpun kobèt bangêt.

Masbèi mantri: Banjur arêp koanggo apa. Mupung durung, bêcik dirêmbug dhisik.

Nyai mantri: Kajêng kula ajêng kula angge bêtah prêluning Lêbaran. Nanging kula manah panjang, kok eman-eman, bok gih ditanjakake sanèse mawon.

Masbèi: Sukur yèn kowe eling mêngkono, kowe ngrêti tanjaning dhuwit. Wis, ya, tak paranane mênyang nagara. Kowe mêling apa.

Nyai mantri: Mang tumbasake gêndhis tèh mawon kalih bubuk, kangge nyadhiyani tamu, panganane gampil.

Wanci sontên bêdhugipun andharêndhêng, nandhakakên sampun malêm Lêbaran, wiwit sontên sampun wontên lare gungêlakên long mrêcon, pating jlê-

--- 1531 ---

[Grafik]

dhor, punapa malih mriyêman karbit, jumêngglung kados ngorêgakên siti. Ing dalu kathah tiyang sanjan-sinanjan, kyai kaum tansah midêr anyangking sênik wadhah brêkat tuwin udhêng lami kangge wadhah kupat.

Enjing umun-umun, ing griya ngajêng panggenanipun masbèi mantri sampun katingal rêsik gumrining, wontên kursinipun goyang sakawan, katingal anggèning wangun kina, cocog kalihan ingkang ngênggèni ugi kêgolong priyantun kina. Wanci jam pitu masbèi mantri sampun mapan linggih wontên ing ngajêngan, kalihan anggagas ing bab lêlampahaning badanipun ngantos dumugining dintên Riadi wau. Ing ngriku èngêt wêwentehan kados taksih cakêt sadaya.

Botên dangu katingal wontên tamu dhatêng jalêr èstri mawi nyangking angsal-angsal, salajêngipun anglur tungka-tinungka tanpa kêndhat, ugi sami ambêkta angsal-angsal minôngka punjungan. Dangu-dangu kalêmpaking tamu saya kathah, ngantos kados tiyang gadhah damêl, sadaya tamu wau sami kados wontên ing griyanipun piyambak. Mênggah sayêktosipun paratamu wau ingkang kathah para tilas murid-muridipun masbèi mantri, sadaya sampun sami cêpêng damêl, dhatêngipun ing dintên wau sami èngêt dhatêng tilas gurunipun, ingkang rumiyin nuntun dhatêng sêsêrêpan, saha sami ngrumaosi anggèning sagêd dados tiyang, masbèi mantri ingkang anjalari.

Pancèn sampun padatan sabên Ariadi kathah tiyang ingkang dhatêng ing ngriku, nanging sagêdhagan punika thahkathah. sangêt, botên sanès kêtarik saking anggèning masbèi mantri sampun mindhak sêpuh, panjanging yuswanipun anjalari saya dipun aji-aji. Kajawi saking tilas mantri guru misuwur, ugi kêtarik saking anggèning rêmên têtulung dhatêng sasami.

Dumugining dintên wau, tilas muridipun masbèi mantri wontên ingkang sampun pangkat agêng, wontên ingkang taksih sinau wontên ing pamulangan luhur. Ingkang sampun sami cêpêng damêl kathah.

Mila ing dhawahipun Ariadi wau kenging dipun upamèkakên, Masbèi Martaraharja ngundhuh wohing kasaenan.

--- 1532 ---

Manggih Margi Padhang.

Warsita : Kene: dhi, linggiha sing kêpenak, maju bae, dene kaya dhayoh. Iki mau saka ngêndi, awan-awan.

Sungkana : Iya saking griya bae. Saking wis lami ora sowan, kangên, mila tak prêlokake.

Warsita : Sukur, ta. Rak ya padha slamêt, ta.

Sungkana : Wilujêng.

Warsita : Kapriye kabare, saiki kowe nyambutgawe apa, lan apa kaundhakanmu sawise padha mêtu sêkolah.

Sungkana : Mindhake apa mas, iya mung mlarat. Saprana-saprene pados padamêlan durung angsal.

[Grafik]

...dhuwit têlung ringgit iku nyawa bêsar lo.

Warsita : Adhi, wong golèk pagawean iku yèn ora têmênan, lan yèn ora mantêp, mung bakal ora ana kawusanane. Lan manèh wong urip iku yèn tanpa petung, mêsthi rêkasa uripe.

Sungkana : Lêrês pangandikamu mas, lan tak wêwahi manèh, tiyang kang lagi apês, iku sadhawahe iya mung kojur, sapa bae kang tak cêlaki, padha ora rêna, sapa kang tak suwitani, anane mung gêthing.

Warsita : Iku bêcik elingana lan pikirên, lan pardinên supaya awakmu aja kabanjur-banjur anggone tiba kojur.

Sungkana : Iya ora kêkirangan pambudidayaku mas. Nanging tiyang iku yèn lagi dhawah apês, paribasane sukêt godhong dadi mungsuh.

Warsita : Kuwi goroh. Kuwi rak mung saka kurange sêtiyarmu, lan manèh saka kurang jêmbar wawasanmu. Coba kowe golèka rekadaya liya. Niyatmu aja mung arêp dadi wong nulis bae, daganga apa-apa, rak ya bisa.

Sungkana : Pancèn aku ya wis gadhah pamanggih mangkono. Mila sowanku iki yèn kaparêng, arêp nyuwun ngampil arta tigang ringgit bae, arêp tak angge pawitan sêsadean.

Warsita : Wah, dhuwit têlung ringgit iku nyawa bêsar lho, jamane saiki. Aku ora bisa nguwèhi.

Sungkana : Apa kamas ora pitados karo aku.

Warsita : Pitayane pitaya bae. Nanging ing wêktu iki dhuwitku lagi kanggo, lan upama tak potangake, iya tak arah supaya tumuli mulih babranahan, aja nganti uwaling dhuwitku saka tangan bakal gabug tanpa putra wayah.

Sungkana : Ayah, kamas iki têka kaya mênyang tiyang sanès.

Warsita : E, e, e, prakara dhuwit iku dhuwit,

--- 1533 ---

[Grafik]

dudu sanak. Kowe tak kandhani, wong kang arêp kêpenak uripe iku kudu wêruh petung, lan manèh, kajaba kowe wis ngaku dhewe dadi wong apês, tumrap panyrapatku kowe iku ora bakal dicakêti ing rijêki. Bêcik balia bae.

Sungkana : Iya gangsal-gangal bae.

Warsita : Cêkake aku wis ora bisa rêmbugan akèh-akèh, wis bêcik lungaa. Yèn kowe ora lunga tak oyahake asuku: lho.

Sungkana wangsul saking griyanipun Warsita kanthi sakalangkung nalôngsa ing manah, raosipun anjarêm. Pancèn tiyang punika manawi sawêg apês botên kadosa, punapa rekadayanipun botên wontên ingkang kadadosan. Saking judêgipun, Sungkana lajêng ambalayang. Lampahipun kêlunta-lunta ngantos têbih, sandhangan pating srompal, badanipun sami risak, wusana lampahipun dumugi ing pondhok pasantrèn agêng. Wontên ing ngriku Sungkana nêmbung badhe nyantri, ugi katampèn.

Wontên ing ngriku, sarèhning Sungkana santri enggal, sakalangkung anggèning ngasorakên badanipun, saking ngrumaosi anggèning pangawak apês, punapa tindakipun namung sarwa botên kalêrêsan. Malah bab makatên punika inggih kanyatan, salêbêtipun Sungkana wontên ing ngriku tansah tampi panyaruwening kônca-kancanipun, dipun parabi santri ingkang damêlipun namung ngarah pakolih, kasagêdanipun namung tadhah amin, kathah-kathah tindak ingkang sarwa ngrèmèhakên Sungkana. Dalah nama kemawon inggih kangge jalaran anggènipun badhe ngawon-awon, cariyosipun: botên wontên santri ingkang namanipun Sungkana, limrahipun inggih nama Kasan punapa sintên, nanging nama wau manawi mawi pangkon inggih sampun mungguh, dados nama sungkan, plêk kados kawontênanipun.

Sungkana dipun garap, dipun rèmèhakên, cêkakipun sanadyan dipun punapakna kemawon namung kèndêl, dangu-dangu jalaran saking matuhipun, ngantos botên kêraos punapa-punapa. Ungêl awon sae dipun anggêp sami kemawon.

Dangu-dangu kawontênanipun Sungkana ingkang kados makatên punika kauningan ing kyai, kyai ngalêm salêbêting batos, amastani bilih Sungkana punika gadhah dhêdhasar sae.

Satungiling dintên kyai lênggahan piyambakan, Sungkana dipun timbali saha dipun dangu makatên: wis pirang

--- 1534 ---

taun anggonmu nyantri ana kene, thole.

Sungkana : Petang kula sampun kalih taun langkung, kyai.

Kyai : Kapriye apa kowe wis krasan têmênan, lan apa kowe rumasa mundhak kawruhmu. Yèn ana kêkurangane iya gêgosokana karo kancamu santri, aja pakewuh.

Sungkana : Saking pangèstu panjênêngan, kathah indhaking sêsêrêpan kula ingkang lantaran gêgosokan kalihan sadhèrèk santri. Wontên kula ing ngriki kula sampun kraos yêktos.

Kyai tansah ngalêm ing batos, katingal titikipun bilih Sungkana manggih margi padhang, sanadyan kyai sampun sumêrêp dhatêng kawontênanipun Sungkana, ewadene Sungkana namung ngalêmbana dhatêng kônca-kancanipun. Kyai ngandika: Sungkana, wiwit saiki kowe tak mijèkake dadi juru ngisèni padasanaku lan padasane nyai.

Sungkana : Sandika kyai.

Wiwit punika para santri ing ngriku lajêng sami marabi dhatêng Sungkana: santri gênthong, dupèh padamêlanipun ngisèni padasan. Nanging Sungkana dipun parabana punapa kemawon, inggih namung kèndêl, malah bab punika inggih ngantos kamirêngan kyai tuwin nyai. Nyai ngantos kêwêdal ucapipun: mêsakake.

Tiyang punika manawi sawêg dhawah kojur, dipun reka-rekaa kados punapa, inggih namung dhawah kojur kemawon. Kosokwangsulipun manawi sawêg bêgja, dipun punapak-punapakna inggih dhawah bêgja kemawon. Ing sapunika Sungkana sawêg dhawah bêgja, sawarnining pandamêl awon ingkang angèngingi piyambakipun, malah dados borèh wangi.

Awit saking kaparêngipun kyai, Sungkana dipun pêndhêt mantu, angsal anakipun èstri pambajêng, warninipun ayu, dhasar bêkti dhatêng laki. Ing ngriku tumrap para kônca ingkang gêthing dhatêng piyambakipun, ngantos kêwêdal ungêlipun: luwung mati tinimbang wêruh si santri gênthong dadi mantune kyai. Malah wontên santri ingkang lajêng minggat, saking botên kuwawi nyumêrêpi kabêgjanipun Sungkana.

Kabêgjanipun Sungkana dèrèng dumugi namung samantên. Sarêng kyai nyumêrêpi mantunipun sampun nyêkapi kasagêdanipun, lajêng dipun pasrahi padamêlan dados pambantunipun, saha sarêng kyai ngajal, lajêng têtêp anggêntosi dados kyai wontên ngriku, karan Kyai Kêpoh, manut dhatêng namaning dhusun, anggèning dados kyai ngantos dumugi sêpuh.

Pasantrèn ing Kêpoh misuwur dumugi ing pundi-pundi, kathah santri ingkang mondhok wontên ing ngriku. Dayanipun asrêp, para santri sami katrêm manggèn wontên ing Kêpoh. Kyai ing ngriku misuwur anggèning ambêg wêlasan, manawi wontên tiyang papriman dipun sukani punapa-punapa, malah dipun pituturi sae, saha botên kirang tiyang priman ingkang lajêng tumut dados santri wontên ing ngriku.

Ing satunggiling dintên, nuju dhawah dintên Lêbaran, Kyai Kêpoh dipun primani ing tiyang sampun sêpuh, badanipun kêra, têmbungipun: kyai kula nyuwun têdha.

Sampun dados watakipun kyai manawi mirêng têmbung makatên punika manahipun kêraos ngêrês, inggih lajêng dipun sukani tuwin mituturi: ing ngêndi-êndi Pangeran [Pa...]

--- 1535 ---

[...ngeran] tansah pêparing, wong kang nuju nampani kasusahan, ditômpa kalawan sukuring ati, awit kasusahan iku ora langgêng.

Tiyang priman: Sakalangkung panuwun kula kyai, kula dipun paringi jajan. Tuwin kula kaparênga matur, punapa inggih kasusahan punika botên langgêng kyai.

Kyai : Êlo, apa kowe ngrasakake marang gunêmku. Mrene-mrene, ayo padha linggihan. Kyai lajêng lênggah piyambakan kalihan tiyang priman, saha nglajêngakên ngandika: pancèn nyata kasusahan iku ora langgêng. Wis pirang puluh taun, ta, anggonmu nglakoni susah.

Tiyang priman: O, sampun sataun punika.

Kyai : Gene durung suwe. Apa kowe iya wis tau nglakoni bungah.

Tiyang priman: Wah, inggih sampun, kyai. Kula nate dados tiyang sugih, punapa ingkang kula sêdya kêlampahan.

Kyai : Sabanjure kapriye tumêkane kowe nganti nglakoni priman iku.

Tiyang priman: Manawi kula ngèngêt-èngêt margining badhe dhawahipun ing kasusahan punika wontên-wontên kemawon, griya kêbêsmèn, bôndha têlas, para mitra dados satru, manah lajêng risak. Ing sapunika kula inggih sampun nyandhak bilih bingah susah punika botên langgêng.

Kyai : Wis, aja kêpanjang-panjang Kakang Warsita, kabèh iku padha tampinên kalawan kajêmbaraning panggalihmu, bèn angsal dalan padhang.

Tiyang priman: Têka panjênêngan sampun priksa nama kula.

Kyai : O, Kakang Warsita, aku iki Sungkana, kancamu dhèk biyèn, bangêt panarimahku dene sariramu dhèk samana sagêd nuntun dalan padhang. Ing dintên Ariadi iki aku sagêd pêpanggihan manèh, muga dadia lêlantaran padha manggih dalan padhang. Wis saiki aja pakèwêd, sariramu anaa kene bae.

[Grafik]

...pancèn nyata kasusahan iku ora langgêng.

Tiyang priman: O, Kyai Sungkana, barêng aku mirêng pangandikamu, raosing manahku kêgugah, lan rumaos kaya manggih ancêr-ancêr dalan padhang. Aku isih èngêt wêwentehan nalika padha pêpanggihan, kang anjalari pêpisahanku lan sariramu.

Kyai : Satêmêne ora ana lêlampahan kang sinupèkake. Prasajane pangandikamu, kang atêgês angakoni kaluputan, iku sawijining kabêgjan. Wis, kabèh lêbura ing dina Ariadi iki.

--- 1536 ---

Nyuwargakakên Tiyang Sêpuh.

Nuju wanci jam tiga siyang, ing palabuhan Tanjung Priuk katingal sakalangkung rame, untabing tiyang ingkang badhe kesah layaran dhatêng tanah Sabrang, Singgapura tuwin Bêlawan (Dhèli) katingal tanpa kêndhat, awit ing dintên wau wanci jam sakawan sontên, kapal gadhahanipun K.P.M. badhe bidhal layaran dhatêng Bêlawan. Sarêng sampun wanci jam satêngah sakawan sontên, ing êdhèking kapal sampun kêbak tiyang, wontên ingkang sagrombolan kathah manggèn ing perangan ngajêngan, katingal wontên tiyangipun ingkang nyêpuhi, kadosdene anjagi, inggih punika golonganing tiyang ingkang sami badhe nyambutdamêl ing kabudidayan ing Dhèli.

Têtiyang ingkang grombolan wau wontên ingkang katingal bingah, wontên ingkang sêmu susah, sadaya sami katitik saking solah-tingkahipun. Kawontênan ingkang kados makatên punika dados pratôndha bilih bingah susahing tiyang punika tansah sumandhing.

Sarêng jam sakawan, sêmpritaning kapal ambêngung, dados sasmita manawi kapal sampun badhe bidhal. Para tiyang ingkang badhe numpak ingkang taksih wontên ngandhap sami minggah, kosokwangsulipun para tiyang ingkang sami wontên kapal anguntapakên sadhèrèk, sami dipun sukani sumêrêp dening punggawa kapal, kapurih sami mandhap. Andhapipun para tiyang ingkang nguntapakên wau katingal sami gugup, dening kasamaran manawi katut kabêkta kapal.

Botên dangu kapal ambêngung ingkang kaping tiga, dipun sarêngi gumlêdhêging suwaranipun mêsining kapal wiwit lumampah, wusana kapal lajêng oncat saking lambening dharatan, lampahipun alon-alon tumuju dhatêng têngahing sagantên. Kumlawening tangan tuwin kacu pating klabèt dados sasmita anggèning sami pêpisahan, dangu-dangu saya têbih saya têbih, wusana saking kapal namung kantun katingal janggêrênging palabuhan.

Antawis jam gangsal, kapal sampun kampul-kampul wontên satêngahing sagantên agêng, dharatan ingkang kantun lamat-lamat katingal dilahipun pating galêbyar, dilahipun ing manara katingal dados ancêr-ancêring margi ing lautan.

Ing salêbêting kapal kados pêpindhaning kampung, têtiyang ingkang numpak sami papanthan, wontên ingkang sami sônja-sinanjan, takèn-tinakèn pinôngka tuwin badhe kesahan dhatêng pundi.

Ing ngriku wontên tiyang jalêr anèm, ing sêmu katingal susah, linggih piyambakan wontên sacêlaking canthik ngajêng. Tiyang wau lajêng dipun purugi ing matrus ingkang nuju sèrèn botên nyambutdamêl, saha sampun dados padatan, punggawa ing kapal punika sami gapyak dhatêng para tiyang ingkang sami numpak, ngrumaosi kadosdene tiyang ingkang gadhah griya.

Matrus apitakèn: mas, sampun susah ing panggalih, numpak kapal punika ingkang sênêng kemawon. Sampeyan punika saking pundi, badhe tindak pundi, tuwin kaparênga pitakèn, nama sampeyan sintên.

Tiyang ingkang dipun pitakèni masêm, saha mangrêtos [mangrê...]

--- 1537 ---

[...tos] manawi pasêmonipun katingal, lajêng mangsuli: O, sadhèrèk, nama kula Sukarta, asli saking Madiun, badhe kesah dhatêng Singgapura, prêlu sinau badhe pados têdha.

[Grafik]

Sêsawangan palabuhan ing Tanjung Priuk.

Matrus: Nama kula Amad. Wah, sadhèrèk, kula piyambak sampun ngraosakên tiyang gêsang wontên ing saba paran, dhatêng manah rêkaos, nanging dangu-dangu manawi sampun kulina, inggih sakeca kemawon. Malah ing sapunika kula rumaos sênêng nyambutdamêl wontên ing kapal, ingkang rintên dalu namung kompal-kampul wontên ing sagantên. Bokmanawi sampeyan samantên ugi, benjing manawi sampun kulina, wontên ngrika-ngriki punika sami kemawon. Ing sapunika mugi katêntrêmna ing panggalih.

Ing sanalika Sukarta karaos padhang ing manah, ungêlipun Amad ingkang kados makatên wau tinampi dados sêsuluh. Wusana lajêng pêpisahan.

Mênggahing lêlampahan, tiyang ingkang nuju kêpêtêngan manah, punika pancèn nyata wontênipun namung sarwa rupêk. Mila prêlu pados gosokan kalihan tiyang sanès, awit rêmbaging liyan punika kalamôngsa ugi wontên damêlipun. Inggih kados lêlampahanipun Sukarta punika.

Lampahing kapal sampun cêlak kalihan palabuhan Singgapura, Sukarta ngantos sumlêngêrên ningali dhatêng agênging palabuhan, saya sarêng sumêrêp untabing tiyang, Sukarta rumaos kados wontên salêbêting jaman supênan.

Sukarta mandhap saking kapal calingak-calinguk kados tiyang bingung, wusana dipun purugi ing tiyang ingkang lajêng ngajak sêsalaman, Sukarta lajêng nyèlèhakên bêktanipun, nyandhak tanganipun ingkang ngajak salaman, tuwin mungêl: tujunipun sampeyan sagêd pinanggih, kula sampun botên ngintên manawi kakang sagêd madosi kula, awit untabipun tiyang kados makatên.

Kasansari (namanipun tiyang ingkang mêthuk): Manawi sampeyan madosi kula, tamtu botên pinanggih, nanging kosokwangsulipun manawi kula madosi [mado...]

--- 1538 ---

[...si] adhi, gampil kemawon, awit titikipun gampil, pinanggih wontên ing clinguk.

Sukarta lajêng dipun ajak Kasansari dhatêng griyanipun, griyanipun alit, manggèn ing griya sewan, rupêk, nanging katingal titikipun manawi tiyang kêcêkapan. Kasansari lajêng wicantên: Adhi, inggih ingkang sabar ing panggalih, anggèn sampeyan kêdukan ingkang rama, dipun tampia kalihan eklasing manah, sampun pisan-pisan katampi sêrik, awit bapak Karya Sukarta punika priyantun sêpuh. Sapunika adhi wontên ing ngriki, nama sampun wontên ing purug, badhea nyambutdamêl punapa kemawon, botên prêlu lingsêm, sampun ngèngêti dados putranipun priyantun sugih, malah sapunika masuha sarira, namung ngèngêtana, prêlunipun pados têdha.

Sukarta: Ing ngajêng kula punika pancèn inggih kêgolong mursal, saking ngèngêti dados anakipun tiyang sugih, wontên kula namung sarwa ambucal. Ing nalika dèrèng èngêt, kula rumaos, manawi sêdya kula punika namung dipun alang-alangi. Nanging sarêng ngèngêti bilih kula punika kirangan pangajaran, inggih lajêng trimah, saha inggih lajêng mangrêtos bilih kajênging tiyang sêpuh punika namung ngudi supados anakipun dados tiyang linangkung. Dados anak ingkang sakula punika, botên anêrusi damêl sênênging tiyang sêpuh. Lajêng padamêlan punapa: kakang, ingkang ing ngriki sakeca.

Kasansari: Wah, ing Singgapura botên kêkirangan padamêlan. Nanging dhi, padamêlan ingkang kula tindakakên punika nistha, sade sate. Ing sapunika adhi prayogi kula dongèngi rumiyin. gampiling-gampil, tuwin enggalipun kêcêkapan wontên ing ngriki, punika botên kados tiyang sade sate. Kula cariyosi, tiyang sade sate ing ngriki punika wontên sudagaripun agêng, punika ingkang ambage padagangan dhatêng para idêr, punika mawi gadhah golongan piyambak, manut nagarinipun. Kados adhi, punika asli Madiun, manawi badhe sade sate, sudagaripun agêng inggih asli Madiun, punika kula. Anèhipun cara ing ngriki, punika saupami wontên ingkang badhe minggah kaji, cêkap dipun waragadi ing golonganipun tiyang sade sate.

Sukarta: Manawi ngatên, punapa kakang punika sampun kaji.

Kasansari: Inggih sampun, malah sadhèrèk sade sate ing ngriki punika ingkang sampun dados kaji langkung sapalih.

Sukarta: Inggih kakang, badhe punapa malih manawi kula lumuh anglampahi padamêlan sêsadean makatên, kula inggih badhe nglampahi.

Sukarta anggèning nglampahi sade sate sampun tigang taun, kapetang sampun dados tiyang cêkap, malah sampun gadhah sêdya badhe minggah kaji, kantun ngêntosi sataun malih, kalêrês angsal giliran tampi waragad saking kônca-kancanipun.

Nuju ing wulan Siyam, Sukarta anggèning sade sate idêr ing wanci dalu, sabên mêdal, botên dangu lajêng têlas. Saking pajêngipun anggèning sêsadean, nyarêngi kalamangsanipun kalêrêsan, Sukarta badhe dados sudagar sate agêng, namung ngêntosi [ngê...]

--- 1539 ---

[...ntosi] Kasansari samôngsa sampun wangsul dhatêng nagarinipun ing Madiun.

Ing satunggiling dalu, nalika Sukarta nuju idêr sate, dipun undang tiyang sêpuh badhe dipun tumbasi. Salêbêtipun Sukarta ambakar sate, ginêman kalihan ingkang tumbas, ngraosi kamajênganipun tiyang sade sate ing Singgapura.

Tiyang ingkang tumbas wicantên: Ênggih nak, rijêkining tiyang niku tinêmu saênggon-ênggon, botên beda kaya lungane bandhane uwong. Kaya kula niki dhèk biyèn kêcukupan, malah êmpun kêna diarani wong sugih. Nanging barêng bôndha niku ajêng lunga, botên kurang marga, sêtiyar tanpa gawe. Kula duwe anak mursal, dhêmên ngawut-awut dhuwit, kêlakon kula tundhung, lunga botên karuwan, jalaran saka kula isin duwe anak botên dadi uwong. Salungane anak kula barêp, banjur andandani adhi-adhine, supaya bisa dadi uwong, tinêmune malah padha ambuwang, ngungkuli sing êmpun botên ontên, bôndha saya suda, suwe-suwe mèh êntèk, bojo banjur ngênês, mati. Wah, botên karu-karuwan susah kula, bojo botên ontên, anak botên kêna didandani. Pun, kula banjur ambundêrake tekad, ajêng munggah kaji, sangu sacukupe. Dilalah kula kapusan, agonanggèn. kula munggah kaji mung kêtug Singgapura ngriki, sangu pun êntèk, ajêng bali botên bisa, ajêng wontên Singgapura ngriki, gèk nyambutgawe napa.

Sukarta anggènipun ambakar sate ngantos gosong, saking kêtungkul anggènipun mirêngakên dongengan wau. Malah lajêng ngingêrakên dilahipun, undhukipun kaprênahakên badanipun, salajêngipun sênggruk-sênggruk nangis, kalihan wicantên: punapa sampeyan saupami pinanggih putra sampeyan ingkang sampun kesah punika botên kêsupèn.

Tiyang ingkang tumbas wau lajêng ngadêg nyêlaki, ngingêrakên padhanging dilah namatakên dhatêng Sukarta saha lajêng wicantên: atiku wis krasa, o, kowe anakku: Sukarta.

Sanalika ngriku Sukarta inggih lajêng mungêl: o, bapak.

Anggèning pêpanggihan tiyang kalih sami kêraos-raos ing manah, wusana lajêng kasaru andharêndhênging bêdhug Lêbaran, Sukarta amboyong bapakipun. Enjingipun sami bingah-bingah Ariadin. Sami suka sukuripun.

Sanès wulan, Sukarta saèstu minggah kaji kalihan tiyang sêpuhipun kanthi waragad piyambak. Wangsulipun saking Mêkah lajêng dhatêng Madiun, sami dados tiyang ayêm.

Manawi ngèngêti lêlampahan ingkang kados makatên punika, tiyang punika botên sagêd damêl panjôngka badhe kadadosanipun lêlampahan ing wingking, awit lêlampahan ingkang dipun ôngka-ôngka, ing wingking pinanggihipun malah malèsèd, sarêng ingkang botên dipun kintên-kintên, malah kêpêthuk. Mila tiyang punika manawi dipun wawas, gêsangipun namung kêbak dosa, dening wontênipun namung nguja kamurkan. Mila manawi nuju dhawahing dintên Ariadi makatên punika wajib dipun èngêti, nglêbura dosanipun.

--- 1540 ---

Pêpacangan Salêbêting Ariadi.

[Mijil]

sênênging tyas kang rasa ngênani / lir wulan tumrontong / mawèh sêngsêm sumilak langêne / ing sasolah anggung mirênani / rarasira kadi / rukêt kupu tarung //

sumilaking ari ingkang rêsik / wrata sagon-ênggon / sêsawangan adi tan ginawe / tumusira tumuntum mring ati / rasa ambobot sih / ngrênani kalangkung //

dhumawahing Bakda Ariadi / rasa kang mangkono / sakèh suka kasok wutah kabèh / sakèh cipta kang sumimpên batin / nyarêngi kalair / tan ana kang kantun //

para anom kang animpên wingit / rasaning tyas kasok / antuk bagya dene ari mangke / saru-sikunira samya nisih / awit winêngku ing / kang ari panglêbur //

kang mangkana sayêkti nêrusi / lir rasèng sakloron / kang wus dangu ing pêpacangane / miwah samya pêpisahan têbih / dhawah ing Riadi / pinarêngkên kumpul //

labêt saking wus kulina lami / pêpisahan adoh / kalanira pêpanggihan mangke / ananira mung sarwa ngênani / kasok rasaning sih / angrêmbaka tuwuh //

watak wantu tataning taruni / kang pinangguh mangko / rasèng trêsna wus kinandhut dhewe / sêngsêmira samar tan katawis / tatanira titis / tan ruwêt tumpang-suh //

sakarongron alênggah tan têbih / sawangan tan pêdhot / manggon anèng papan kang andhewe / datan kêndhat ngucap kaduk manis / ingkang priya trampil / alon dènnya muwus //

rasaning tyas tibaning Riadi / kaya rasa kasok / gonku bisa katêmu lan kowe / nora ngrasa kalêt-lêtan sasi / malah kongsi lali / wus pisah sataun //

kang mangkono pangajapku Srini / biyèn praptèng mêngko / datan pêgat sarina wêngine / lan mêminta bisaa lêstari / mrih ing têmbe buri / kalakona mêngku //

luwih abot rasane nyanggêmi / uni kang kawiyos / awit mungguh Srini satêmêne / utamane wong amêngku krami / ing têmbe ywa kongsi / arasa kaduwung //

pambobotmu kang rasa pratitis / kang dadi patukon / kang wus nyata sinaksenan kabèh / para [pa...]

--- 1541 ---

[...ra] sêpuh têtêp ing panggalih / kaparêng mastani / jujuring sêtyaku //

dadi yèn ta aku anyidrani / iku bangêt katon / prasêtya kang tan ana wujude / sirna nabêt wataking taruni / kang ingaras bêcik / kabèh ilang larut //

Rara Srini mèsêm amangsuli / ucapira alon / iku apa ucap apa dongèng / kongsi angèl gonku anggolèki / tibane ing dhong-dhing / nganti kêsêl aku //

priye ta Mas Priya aku iki / sanadyan wong wadon / kaya-kaya iya padha bae / tinêmune panggagasing ati / nora kêndhat muji / nyang kaslamêtanmu //

kang tak ajap ing rina lan wêngi / bisaa kalakon / rêruntungan karo sarirane / ing samêngko tibaning Riadi / aku angaturi / sugêng sariramu //

Radèn Priya mèsêm amangsuli / ujar kang mangkono / panampaku krasa abot dhewe / pamujimu iki anêrusi / lan bisa nyranani / nuwuhke rahayu //

ora liwat mung puji-pinuji / aku ya mangkono / tumibane ing Riadi kiye / tinêmua salamêt ya Srini / sirnaa saiki / uniku kang nglantur //

datan kêndhat sêngsêmirèng kalih / anggung agêguyon / kongsi lalu mung arasa supe / ing wusana patêmbayèng ati / lêstari pinuji / kasêmbadanipun //

têtêp titi tibaning Riadi / minôngka pasêmon / sanggyèng sêdya kang tumuwuh sae / kasawaban kabarkah nêrusi / tinêmu basuki / ing sadayanipun //

ing pamawas traping jalu èstri / kang tinêmu ngono / aywa amung kandhêg sêngsêm bae / umèngêta mring kasidan bêcik / mrih dadya naluri / kautamanipun //

[Grafik]

--- 1542 ---

Ambadudung Ing Dina Lêbaran.

[Sinom]

ing dina Lêbaran ana / wong anom loro palêsir / omahe padha ing desa / loro pisan dadi carik / siji awake mêsi / mung wêtênge amalênthu / kêna dianggo tôndha / mênyang ulah raga wani / mung nyatane ulahe raga mêmangan //

jênênge Mas Sastrarêja / nanging jênêng sing kêcangking / Sastra Gandhos awit saka / kêgawa lêmune kuwi / awake mlênuk nganti / kaya gandhos kêbul-kêbul / andèkna ngrasa brêgas / yèn nyôndra awake mêsthi / yèn wayanga wis plêk Radèn Gathutkaca //

sing siji dêdêge jajag / mung awake rara bêngkring / jênênge Sastra Kantaka / gone milih jênêng kuwi / saka durung mangrêti / kantaka têgês sumaput / kaduke kang agarap / Dèn Sastra sok diparabi / diunggahke arane Dèn Sastra Seda //

nadyan Dèn Sastra wis tuwa / isih rada kaduk brai / lan manèh nadyan wong lanang / lambene sok dibèngèsi / yèn ana wong ngruruhi / diwangsuli lan angguyu / jare digawe tôndha / bèn dikira sugih dhuwit / awit nyata abanging lambe katara //

dhèk biyèn mung sêbutan mas / nanging sabanjure salin / mung manut ombyaking warta / yèn sêbutan radèn kuwi / iya kêna diudi / waton isih turun urut / môngka mungguh Dèn Sastra / pancèn tlêcêr Majapait / mung kuciwa durung lapur nyang nagara //

kocap nuju dina Bakda / pyayi carik loro kuwi / padha ajak-ajak dolan / nyang gone sobat-sobat thing / wiwit malêm Riadi / uwis ora bisa turu / jalaran ora kêndhat / mrana-mrene akêndhuri / nganti mèh byar ngêpunge durung warata //

kêsundhul uwis êmèh byar / Mas Sastrarêja nyang kali / adus slulup karo matak / puji adus andrêmimil / niyat ingsun ngêdusi / iya awakku sakojur / bisaa katon êmas / gumêbyar kaya disangling / niyat ingsun ing saiki arêp mêntas //

têkan ngomah banjur dandan / nganggo jarik garis miring / lagi mêtu saka sogan / uwis diwiru malipis / ananging durung mati / barêng diênggo ambyar byur / nanging iya puwungan / wirone kêna dicangking / ngiras cincing ngetokake kathok anyar //

sabuk kêsting putih mêmplak / èpèk irêng ambathithit / ya wis rada kaduk dawa / mung ukure amblenjani / ora bisa nututi / lan wêtênge kang anjêmbluk / iya rada dipêksa / lèrèp mung nylêmpit sathithik / nyang ambêgan wêtune rada rêkasa //

klambine irêng atelah / kêgolong diêmi-êmi / awit tinggalane simbah / wis rada sêsak saiki / bênike sing kêmancing / mung loro kang ana dhuwur / sing têlu ora bisa / nanging iya malah bêcik / ambalêdhèh ngetokake yèn wong drêmba //

ikêt ompak sêtoprêsan / ketok ora pati brai / trape mung trima blabagan / nanging malah amantêsi / nganggo topi koboi / kaca mripate gumandhul / awit rada kêtuwan / yèn nyawang trima malirik / udut srutu êmung digawe wiraga //

dene Dèn Sastra Kantaka / pancèn bêsus wiwit cilik / apa kang disandhang brêgas / satibane mung mantêsi / dhasar kaduk birai / nganti lali mênyang umur / nganggo bêbêd buntalan / jas tutup putih mathinthing / ikêt blangkon jebehan kaya jêjaka //

topi hèlmud anam pandhan /

--- 1543 ---

nganggo pita biru pèni / têkên ora tau pisah / yèn kêkandhan angêcuwis / tangan srawean masthi / kaya wayang lulang tarung / wong loro nuli mangkat / sadalan-dalan ngrasani / bab ramening kêndhurèn malêm Lêbaran //

mase Sastrarêja kôndha / saiki lunga nyang ngêndi / apa plêsir nyang nagara / apa êmung klilang-kliling / Sastra Kantaka muni / sêrune sajak ambêkuh / priye mênyang nagara / sapa ta kang dipamèri / ing nagara ora kurang uwong ala //

Sastrarêja mengo ngiwa / clathu guyune nututi / aku ora pamèr brêgas / aku uwis ngrumasani / gêdhe ora mêdèni / beda karo kowe iku / mung raganganmu tuwa / batin isih ngrumasani / ênom kaya jaka kang kumala-kala //

Kantaka angguyu ngakak / sêmbrana ya kowe kuwi / ngarani sing iya-iya / uwis bêcike saiki / mubêng-mubêng marani / turut ing desa kang kêmput / wiwit saka Kalesan / Gombang mampir lan Têlingsing / menggok ngetan nyang Bagor ngalor Tumpukan //

wong loro mau barêngan / wusana nuli miwiti / têkan ing desa Kalesan / mênyang omahing patinggi / kabênêran dhèk kuwi / mas lurahe nuju lungguh / barêng ana wong têka / grawalan bungah ing ati / karo kôndha dene iki para Sastra //

kene adhi ambacuta / dene kaya diêntèni / gilo panganane dhacah / pancèn bakayumu main / Lêbaran dina iki / dipêng gone gawe suguh / ngombene wedang apa / soklat bae apa kopi / yèn wedang tèh anane mung sanga-sanga //

Sastrarêja kalecêman / dhasar uwis rada salit / nuli amangsuli kôndha / inggih tèh mawon rumiyin / wingking soklat lan kopi / mas lurah bungah angguyu / hahak dhimas Sastrarêja / ambak wong ngrêsêpke ati / wis majua kabèh bae kene ana //

[Grafik]

...tangan srawean masthi, kaya wayang lulang tarung...

nuli barêng ngombe wedang / tandang anggone ngladèni / sêpèkuk disigar mak byak / diiris sadriji-driji / Sastrarêja ngrahabi / lap-lêp kaya mangan pohung / bok lurah mênyang jaba / wêruh dhayohe ngrahabi / bangêt bungah nyarake panganan liya //

Sastrarêja nuli nyêla / cangkêm kêbak karo muni / bak ukamah bêki kuwa / Sastra Kantaka nyêlani / sing sarèh bae dhisik / mêngko yèn pêdhot gulumu / bok lurah bangêt bungah / karo mangsuli nyêkikik / gih-gih adhi bangêt panarima kula //

bok lurah banjur nyang ngomah / ora suwe ketok bali / ngêtokake suguh [sugu...]

--- 1544 ---

[...h] mangan / opor pitik sêmur daging / êndhoge pating glindhing / kupate nganti satumpuk / bok lurah nuli kôndha / môngga adhi mupung enjing / semekana padharan murih sakeca //

Sastrarêja dhasar drêmba / pancèn rahabe ngluwihi / kupat sapuluh sablasan / opore pitik sasisih / dhog pirang-pirang glindhing / dhasar nyang bumbune mathuk / sarampunge sarapan / Sastrarêja gèdhèg ririh / satêmêne ngiras ngunjalke ambêgan //

wise sarèh sawatara / êmung kari pringas-pringis / wong loro nuli pamitan / rèhne wis tinêmu bêcik / mas lurah anglilani / karo muni nuwun-nuwun / Sastrarêja ngadêg nyat / awake gumèndhêl isi / obah lambung ngiras anglongklok kandhutan //

nuli ambacut nyang Gombang / lakune arêndhêt rindhik / ambêgane durung sêla / isih kêpêpêtan isi / Sastrarêja ing batin / rada tak êpêng manganku / ora suwe wis têkan / Sastrarêja dhèhèm lirih / ora suwe lawange wis ketok mênga //

wong loro linggih pandhapa / sing duwe omah nêmoni / tanggape sarwa prasaja / ketok ngrêsêpake ati / mung rada kurang uni / nuli suguhane mêtu / sêga iwak adhacah / ngono watake wowong. tani / mrêlokake nyuguh dhayoh iku sêga //

dhayoh loro jêjawilan / karêpe wis padha ngrêti / arêp mangan uwis wêgah / ananging upama nampik / jênêng nampik rijêki / cara tani rada lumuh / mula sabisa-bisa / rekane rada ngrahabi / cimak-cimik mung klumpuke antêm krama //

Satrarêja mangap-mangap / mêlaring lambung ngluwihi / sabuk singsêt kêncêng ngayang / nyang wêtêng krasa ningsêti / sêsambat bisik-bisik / yake arêp mati aku / wêtêngku krasa sêbah / Sastra Kantaka anggigik / ya sarèhna mêngko ngaso anèng kana //

barêng uwis sawatara / uwong loro padha pamit / wayah bêdhug andharandhang / lakune thimik-kêthimik / kringêt gumrobyos mili / Sastrarêja nuli clathu / mêngko nèng mampir kana / aja ewah-ewuh lho dhi / kôndha bae arêp angaso sadhela //

ora suwe uwis têkan / omahe lurahing mampir / isih klêbu rada akrab / ana kono ketok sêpi / ananging ora isin / banjur baludhus malêbu / mapan salu pandhapa / Sastrarêja mêmpis-mêmpis / nuli turon kobèt anèng ambèn ômba //

ambêgane rada dawa / karo muni bisik-bisik / wis padha mênêng bae ya / iki kok sajake sêpi / Kantaka anjêgigik / ngono kuwi jalukanmu / gênah nuju Lêbaran / sabên mangan koturuti / ora bêdhah wêtêngmu wis pira-pira //

ora suwe ana swara / ing jawi niku sintên gih / nywara lirih Sastrarêja / Sastra Kantaka dijawil / lho bakyu lurah kuwi / nuli bok lurah jumêdul / nginguk saka ing lawang / banjur pêtrèk-pêtrèk muni / ora gênah wong mêdhayoh lumah-lumah //

padha saka ing ngêndi ya / dene angêgèt-êgèti / kakanganmu lagi lungan / uwis penakna kono dhi / rak dha luwe ta kuwi / kêsêl awan-awan mlaku / sêsambat Sastrarêja / kene patiku saiki / tak tampika mêsthi ana uni ala //

bok lurah dhasar trêngginas / tandange kaya srigunting / sadhela wis mêtu pêpak / bikut anggone ngladèni / ambênge ditandhuki / wis kono dhi padha maju / kuwi Si Sastrarêja / sajake

--- 1545 ---

rada kêlantih / cilik mula pancèn tanah bocah drêmba //

iki Dhi Sastra Kantaka / athik nganggo cimat-cimit / atiku rak bangêt bungah / kowe padha anêkani / wis mupung Ariadi / êntèkna kabèh suguhku / kuwi Tra rahabana / pokahên pupune gêndhing / karêmanmu lan kuwi ati rêmpêla //

bakyune lurah atandang / byak-byuk didokok ing piring / ajange Mas Satrarêja / karo juwèh ngacarani / diêntèkke lho kuwi / mêngko yèn mati kuthukmu / Sastrarêja rêkasa / mung kêpêksa angrahabi / bubar mangan thilêk-thilêk tanpa swara //

wise ngaso sawatara / Dèn Sastra Kantaka pamit / Sastrarêja tanpa kôndha / mung kari milu kêkinthil / malah sawise sêpi / nèng dalan anjaluk tuntun / karo alon akôndha / uwis wis saiki mulih / aku isih kapengin umur kang dawa //

nanging mêngko aja kôndha / kabèh lêlakonku iki / yèn kowe nganti kôndhaa / mêsthine aku rak isin / wahne bakyumu kuwi / rada wani mênyang aku / mêngko sida dikrampyang / aja kôndha tênan ya dhi / dèn Kantaka mung nyêkikik tanpa kôndha //

barêng satêkaning ngomah / bok Sastrarêja ngêntèni / ngaglah ana ngarêp lawang / durung-durung wis ngunèni / alus nanging cumlêkit / iki lagi padha kondur / idêr Ariadenan / Sastra KintakaKantaka. mangsuli / mangke kriyin bakyu sampun lajêng duka //

punika wau kêng raka / wontên margi masuk angin / bok Sastra muni la apa / wêtêng kothong digo plêsir / lho la kok nglèntroh kuwi / apa kêna angin dhudhuk / bok Sastra nuli tandang / enggal arêp angêroki / Sastrarêja dilumahke ana jogan //

wêtênge kêncêng abêngka / timang angèl diuculi / dibêthot èmpèke sêmpal / sabuk nuli diuculi / wêtênge dimèk-mèki / atos kêngkêng kaya watu / sing wedok tarataban / ngira yèn bakal bilahi / karo muni iki mau kêna apa //

iki rak saka sêmbrana / ngambah papan wingit-wingit / banjur diambah jag-jagan / ora ngrêtia yèn dhêmit / uga padha Riadi / yake ngidak anak inthuk / setane ora nrima / ususmu banjur diuntir / dadi busung wêtêng mlêmbung kaya kêndhang //

watake bok Sastrarêja / ngandêl bangêt mênyang dhêmit / banjur enggal ngobong dupa / karo muni umik-umik / setan-setan lan dhêmit / aja angganggu bojoku / kana padha lungaa / tak uwèhi sêga putih / wis baila aku ora apa-apa //

na rak bisa ambêgan ta / gilo rada kêndho thithik / Sastra tansah ngampêt napas / saka arêp guyu isin / Sastra Kantaka ngrêti / guyune mêtu cumlêguk / nêsu bok Sastrarêja / muni karo anudingi / pancèn kowe sing marai ora gênah //

kuwi jênêng ora tata / uwong susah dièsêmi / dadi ing batine bungah / yèn bojoku nganti mati / Sastra Kantaka muni / sarèh-sarèh kriyin bakyu / ingkang raka punika / botên mosak-masuk angin / yêktosipun saking kêkathahên nêdha //

gêr guyune bêbarêngan / Sastrarêja mèsêm thithik / sing wadon nuli tumandang / isih karo muni-muni / irus kanggo ngêroki / satêngah ngoso lan nêsu / sing lanang jingkat-jingkat / nuli clathu klêsik-klêsik / ngapuramu bokne ing dina Riaya //

--- 1546 ---

Pandung Kêbêlik.

Wanci jam sawêlas dalu dhawah ing malêm Lêbaran, sabên griya katingal pating klêncar, kamirêngan pating grênggênging tiyang sami lèk-lekan, wontên malih ingkang grudag-grudug badhe kêndhurèn. Dene long mrêcon, pating jlêdhor, pating krètèk, kêmbang api gumêbyar amadhangi papan ingkang singup-singup.

Thèng, jam sêtêngah kalih wêlas, wontên tiyang malêbêt dhatêng pakaranganipun Mas Sastra, lajêng nalêsêp wontên ing papan ingkang sêpên kalihan mungêl lirih: wis jam satêngah rolas, sadhelo êngkas wis padha turu kabèh. Tiyang ingkang wicantên piyambakan wau pandung.

Sarêng jam kalih wêlas, pandung sumêrêp wontên tiyang èstri mêdal dhatêng latar, inggih punika Bok Sastra, lajêng andhodhok wontên têngah latar, umik-umik, botên dangu katingal ngadêg nguculi wungkusan lajêng kabucal dhatêng payon. Pandung ngrêtos lajêng mungêl piyambakan malih: o, bok mase iki ambuang kêmbang kanggo ngirim lêluwure sing adoh-adoh. Ning ya arêp mapan turu.

Pandung sasampunipun cêtha aningali, lajêng dhêlog-dhêlog. Botên dangu sumêrêp anakipun jalêr Mas Sastra mêdal saking griya, ambêkta lông sabopongan, dipun bêkta dhatêng ing latar, ngadhêpi anglo ingkang tilas kangge dêdupa êmbokipun, lajêng nutulakên sumbuning long ing latu anglo saha lajêng dipun uncalakên mungêl, dhêng. Botên dangu Bok Sastra nyuwara: Thu, longe diuncalake ngalor bae, adoh omah. Jênthu, anggènipun ngungêlakên long inggih lajêng dipun uncalakên ngalèr: dhêng.

Pandung grunêngan: We hla, si: Thu, ki nakal anggone nguncalake êlong thik mrene, mêngko rak ngobong ikêt têmênan. Ngaleh bae ah.

Pandung lajêng pindhah panggenan kalihan nyangking têgêsan long ingkang taksih wontên latunipun, badhe kangge sês. Pindhahipun wau dhatêng sacêlaking kandhang ayam, nanging pandung wau botên mangrêtos. Botên dangu mirêng swara: trècèt, sajak dhawah ing sirah, sarêng dipun mèk-mèki: têlês, saha driji ingkang mêntas kangge ngêmèk wau dipun langkungakên sacêlaking irung, dipun sarêngi wicantên: iki mêsthi akal-akalane pitik. Iki iya kudu alihan manèh.

Pandung lajêng pindhah kalihan mèk-mèkan, nyandhak lawang saha lajêng mangrêtos bilih punika lawanging jamban, lajêng malêbêt, blêng. Dilalah, sawêg blêng kemawon mirêng swaraning lawang mênga, batosing pandung: mati aku, wis mêsthi mlêbu mrene, saking gugupipun, nanging ngatos-atos, pandung lajêng nyêmplung ing kulah alon-alon, têrus slulup: ba-lê-dhês. Sarêng nungul, jêbul tiyangipun ingkang mêdal botên mriku. Pandung anarêthêk kasrêpên, saha kêpêksa pindhah saking ngriku, wusana sumêrêp lawang pawon taksih mênga, latunipun ing kêrên taksih mangangah. Pandung lajêng malêbêt, saha lajêng wicantên piyambakan makatên: o, wong kang mêtu mau prêlu ngêngêt-êngêti: ta, mêsthine arêp diênggo sarapan sesuk. Wah, ambune le gurih. Pandung lajêng mêndhêt tumpêr dipun damoni alon, latunipun murup kangge angobori. Lajêng wicantênipun: wong kuwi yèn lagi bêgja, ana nêmu rijêki kathik mêthuthuk [mê...]

--- [1547] ---

[...thuthuk] samene. Wah, iki kupat: saêblèg. Iki gudhêg, thik gudhêg Yoja. Iki apa: iki, we sambêl gorèng. Na iki, wadhuh, ingkung wutuhan, wah brutune anggone nêngul. Cêkake prakara brutu aku ora srantèn. Brutu lajêng dipun cuwil saha dipun êmut, dipun sêsêp-sêsêp, badanipun kraos sêgêr.

Nanging tiyang manawi sawêg kojur, dilalah malih, nalika badhe nyuwil ulam malih tanganipun kêlèntu dipun balusukakên ing sambêl gorèng ingkang nêdhêng mumpal-mumpal, dipun sarêngi sambat adhuh kalihan nyampluk wajan, tuwin sambat adhuh malih, jalaran sukunipun kêsokan sambêl gorèng.

Tiyang ing salêbêting griya kagèt, sêsarêngan alok kucing, saha lajêng sami mêdal dhatêng pawon. Sarêng pandung sumêrêp têtiyang sami dhatêng pawon, lajêng nglêpèh brutu ingkang dipun êmut kalihan wicantên: sanès kucing, kula pandung kêsokan sambêl gorèng, tuwin dèrèng mêndhêt punapa-punapa, kajawi namung nyuwil brutu, punika brutunipun.

Tiyang ingkang sami mêdal, kalêbêt Mas Sastra, sarêng sumêrêp saha mirêng ungêlipun pandung, botên ajrih, malah gumujêng gêr-gêran. Namung Mas Sastra reka-reka nêpsu, ungêlipun: êlo, prakara brutu iku dudu prakara cilik-cilikan, gêdhe lho ukumane. Mas Sastra lajêng nyêpêng tanganing pandung kaajak malêbêt griya, kapurih linggih saha dipun pitakèni.

Pandung cariyos, anggèning mandung punika jalaran saking kêkirangan, saha kêslêpêk ing Lêbaran. Salajêngipun pandung nyariyosakên lêlampahanipun sadaya, wiwit malêbêt dhatêng pakarangan ngantos dumugining kacêpêng, dhasar anggènipun cariyos kaduk lucu, mila sadaya ingkang mirêngakên sami gêr-gêran gumujêng.

Mas Sastra wicantên: Sarèhne anggonmu maling iku bakune saka kêkurangan, wis, katogna anggonmu mangan, jênêngmu sapa.

[Grafik]

...mêmangana sakarêpmu. Mung sesuk-esuk...

Pandung: Kula pun Warija.

Sastra: Cêkake ing bêngi iki kowe tak uja, mêmangana sakarêpmu. Mung sesuk-esuk, kowe tak ladèkake nyang pulisèn. Kowe kuwi jênênge maling kêbêlik, têgêse maling kêwêlèh.

Enjingipun, wancinipun tiyang sami Bakdan, pun pandung kêbêlik dipun irid dhatêng kapulisèn, dados têtingalaning ngakathah. Sadumugining kapulisèn, dipun sapa: jênênge anèh, maling bae nuju malêm Lêbaran, kuwi harak anjaluk kêcêkêl. Wis, kana dicêmplungake tahanan dhisik.

Pandung: inggih, sarèhning nuju dintên Lêbaran, sanadyan kula damêl dosa, nanging ugi ngaturakên wilujêng ing dintên Lêbaran, bandara.

--- 1548 ---

Bakda Riadi Cara Modhèrên.

Ing satunggiling kitha ing Jawi Têngah wontên priyantun pènsiyunan wadana, nama: Radèn Ngabèi Endrawikalpa. Sanadyan Radèn Ngabèi Endrawikalpa wau sajatosipun bangsaning priyantun pangajaran kina, nanging saklangkung rêmên dhatêng kawontênan cara modhèrên. Mila anakipun tiga, jalêr kalih, èstri satunggal, botên amung dipun sukani nama ingkang sajak mambêt-mambêt nama Walandi, kados ta ingkang jalêr, ingkang satunggal dipun namani: Pèktor, saking Victor, lan satunggalipun malih: Kèrit saking Gerrit, tuwin anakipun èstri dipun namèni: Rolin botên saking: kriyolin, nanging saking: Karolin (Caroline). Malah lare tiga-tiganipun pisan wau, kala alitipun dipun sukani tuntunan lan dipun sinaokakên cara Walandi grès. Nanging punika mênggah rumaosipun Radèn Ngabèi Endrawikalpa piyambak. Dupèh wiwit alit dipun pondhokakên wontên ing griyaning Walandi, ing pangraosipun, têmtu sagêd nyoplok sayêktos dhatêng adat tatacara Walandi, langkung malih sakolahipun inggih sakolah Walandi, rumaosipun, botên kenging botên anak-anakipun inggih badhe sagêd angliyêr kawruh Walandi ingkang ngantos sampurna. Ing ngriku botên pisan-pisan kamanah, bilih Walandi-Walandi punika wontên ... pintên-pintên warninipun. Têgêsipun: wontên Walandi ingkang pancèn: alus lan luhur bêbudènipun, jêmbar wawasanipun, sae dhêdhasaranipun, sugih kawruh, wêlasan dhatêng sasami-sami, lan sapanunggilanipun, ingkang mila inggih pantês sangêt dados têtuladanipun bôngsa Jawi sadaya, nanging kosokwangsulipun inggih wontên Walandi ... sêmprul.

Kala mudhanipun, Radèn Ngabèi Endrawikalpa botên ngèngêti dhatêng kawontênan ingkang makatên wau. Pathokanipun: wong wis dipondhokake panggonan Walônda. Dumadakan Walandi ingkang dipun pondhoki anak-anakipun, punika bangsaning Walandi sêmprul wau. Dene padatanipun bôngsa Walandi makatên punika, umumipun, manawi jalêr rêmên sangêt nyariyosakên anggèning kêrêp angsal kathah kalanipun ... ambujêng andhapan, botên-botênipun inggih rêmên nyariyosakên anggènipun ... mênang gêlut. Dene èstrinipun ingkang dipun sênêngi angrêmbag anggènipun: dhatêng toko, sêkobêrêh (griya kumidhi) lan sasaminipun, utawi anggènipun kêrêp: piknik (darmawisata).

Dados sajatosipun, lare-lare wau angsal tuntunan ingkang malèsèt kalihan kajênging bapakipun, nanging ing sarèhning tiyang sêpuhipun kalih-kalih pisan botên mangrêtos babarpisan dhatêng tuntunan punapadene pangajaran cara Walandi, amila kala alitipun lare-lare wau, asal mirêng rêrêmbaganipun lare-lare anakipun mawi têtêmbungan ingkang mawi: wèl, wèl, lêg, lêg, tuwin nin, nin, manahipun inggih sampun mantêp sangêt. Rahayunipun, dene jalaran saking prihatosipun tiyang sêpuh, agêngipun lare tiga wau sami

--- 1549 ---

tumônja sadaya. Inggih punika: Pèktor dados: komis, Kèrit dados opsèhtêr, dene anakipun èstri dados semah mantri pulisi, tur wêdalan M.O.S.V.I.A. amila sanadyan nama priyantun pangrèh praja, nanging inggih: êmbêlandhain. Lare jalêr kêkalih wau inggih sampun semah sadaya, sarta tiyang inggih sami pados piyambak, ingkang têmtu inggih: cocog, têgêsipun amlandèni sadaya.

Sanadyan tiga-tiganipun sampun nama dados tiyang sêpuh, tur pangkatipun inggih sampun lumayan, ewasamantên tabêt-tabêtipun tuntunan Walandi sêmprul wau inggih taksih katingal, inggih punika: jalêripun sami doyan umuk, èstrinipun rêmên macak ingkang maneka-neka, lan ugi rêmên plêsir. Sarta rêmên sangêt ngatingalakên anggènipun sami angsal tuntunan cara Walandi, sanadyan cara Walandi ... sêmprul wau. Inggih punika anggènipun tiru cara Walandi, sampun: twèdhêan, utawi langkung, têgêsipun: anggènipun tiru-tiru cara Walandi punika sampun tumimal-timbal,tumimbal-timbal. amila inggih sok asring gèsèh kalihan bakunipun.

Ing satunggiling dintên Bakda Riyadi, Radèn Ngabèi Endrawikalpa tuwin radèn ayu, sami lêlinggihan wontên ing pandhapi angadhêpakên bukèt pintên-pintên, angêntosi dhatênging anak-anakipun ingkang sami badhe silaturahmi.

Radèn Ngabèi Endrawikalpa: Ora, bune, anak-anakmu wis jam sapuluh kok durung padha têka, nanging iya ora maido, anak-anakmu kuwi adat-adate wong wis cara Lônda grès, mêsthine para mitrane bôngsa Walônda iya sathekruk, kang saikine padha awèh slamêt Lêbaran nyang ngomahe anak-anakmu kana.

[Grafik]

..., ambok aja susah manggalih sowane putra-putrane, ...

Radèn ayu: Pakne, ambok aja susah manggalih sowane putra-putrane, wong iya wis padha kirim brikèt.

Radèn ngabèi: Yak, wong bukèt, kathik dilih brikèt, nèk brikèt kuwi rak takêrane uyah kae. Ora, bune, sêmune kowe kuwi kok ora lêga nômpa kiriman bukèt-bukèt saka anak-anakmu. Kowe mêsthine luwung dikirimi plèlèr bakal kulambi utawa tapih, ora-orane iya: gula tèh lan bangsane dhêdhaharan, rak iya ngono, ta.

Radèn ayu: Iya ora mangkono, nèk [nè...]

--- 1550 ---

[...k] wong tuwa kuwi ora kêpengin diwènèhi anak, sabisa-bisa kenene mung arêp wèwèh bae. Nanging nèk anak sok banjur kogêl apa-apa nyang wong tuwa, kuwi rasane wong tuwa mung banjur wêlas bae. Nanging nèk arêp kogêl kuwi ambok aja kêmbang, wong liya ora ana kanggo gawene, kathik rêgane sapirang-pirang.

Radèn ngabèi: O, wong iya wong kuna, mulane iya ora ngrêti nyang tatanan cara jaman modhèrên. Tak tuturi, bune, kirim bukèt utawa kêmbang kuwi, nèk cara jaman modhèrên iki, sawijining pangaji-aji, lan pakurmatan gêdhe bune, mara dêlêngên bae, bôngsa Walônda kae. Nyang kuburan, anggawa kêmbang, nyumbang pangantèn, iya kêmbang, nylawat, iya nganggo kêmbang. Dadi apa-apa nganggo kêmbang utawa bukèt. Ing môngka anak-anakmu kuwi wis padha mlandani kabèh, mulane ing Bakda Riadi banjur padha kirim bukèt-bukèt mêngkene kiyi, kuwi saka padha ngaji-ajine lan urmate nyang wong tuwa, bune.

Radèn ayu: Ha iya, ta, yèn kabèh-kabèh kok panggalih cara modhèrên, utawa cara Lônda, tur iya kok panggalih bêcik kabèh, aku mono iya mung monat-manut bae, kadar wong wadon iku suwarga nunut.

Radèn ngabèi: We, wis ora karuan ane. Bune, wong kuwi aja bangêt-bangêt anggone arêp ngukuhi padatan cara kuna, mundhak digêguyu pitik, kudu bisa mèlu nyang jamane, nèk jamane lagi edan, iya kudu mèlu-mèlu ngedan. Saiki kiyi jamane jaman modhèrên, jaman cara Lônda, iya kudu mèlu-mèlu mêngkono. Wis, wis, diêndhêgi dhisik rêmbugane, kae, lho, anak-anakmu wis padha têka.

Anak putunipun sami gêmrudug lumêbêt ing griya, sarta pating brêngok makatên: dhah, papi, dhah, mami, dhah, opah, dhah, omah. (Salajêngipun nuntên nyandhak tangan bapak tuwin ibunipun sarwi kalair têmbung-têmbungipun makatên): sugêng Lêbaran, pah, sugêng Riadi mah, wèl gêpelisitir ...

Radèn Ngabèi Endrawikalpa: Iya, iya, iya, trimakasih, trimakasih, dhangkiwèl. Wadhuh, nganti kaya nagara Lônda. Ayo, ayo, padha lênggah-lênggah.

Mompro Pèktor: (Dhatêng anakipun): O, iya, Pit, (namanipun ingkang lêrês: pidêksa arêp andhèrèk, omah (êmbah putri).

Radèn Ayu Endra: Iya, rene, rene le, mèlu simbah. O, ora gêlêm, malah arêp nangis, wong êmbahe ora bisa cara Lônda.

Radèn Ngabèi Endra: Ha iya, mêsthine iya ora ngrêti nyang omongmu kuwi, wong nyang ngomah kulinane mung: cat, cit, cat, cit cara Lônda bae. Wèh, kok mantêp atiku kiyi nek dirubung anak-anakku kabèh, dhasar padha pangkat-pangkat, kathik padha mlandani, wa-dhuh.

Radèn Ayu Endra (garundêlan): Hla, kae apa iya mèmpêr, ing ngatase anak mantu, tur pangkate ndara mantri pulisi, wong ngadhêpi maratuwane, lungguhe kathik ngèngkrang tumpang dhêngkul. Apa nèk ngadhêp gusti kangjêng kuwi lungguhe iya kaya ngono, rak iya kalakon ora kanggo têmênan le dadi priyayi.

--- 1551 ---

Radèn Ngabèi Endra: Lho, bune, kok grêndhang-grêndhêng, ngomong apa, ya.

Radèn Ayu Endra: Ora kok, pakne, lagi rêrasan dhewe, kae, lho, si Sarinêm, kok ora ngêtok-êtokake unjukane.

Radèn Ngabèi Endra: Wayah, ambok sing sabar sathithik, nèk-nèke lagi ambukak mèlêk barang. ora, anggonmu padha têka, kok wis awan têmên. Apa wis ana dhayoh apa mau.

Radèn Pèktor (komis): Iya, pah, esuk-esuk jam pitu tamune wis pating brubul padha têka. Lônda kabèh, pah, tur padha sarimbit, yakuwi: Mênir Pandhêrtrèn, Mênir Sapulete, Mênir Pankikuk, lan isih akèh manèh tunggale ...

Radèn Ayu Endra: Wong dhayoha Walônda kae, wong iya Walônda godhong kabèh.

Radèn Ngabèhi Endra: Ngomong apa, bune, yèn ngomong kuwi ambok iya sing sêru sathithik, dadi liya-liyane padha bisa krungu. Ora, Pèktor, wong dhayohe Walônda-Walônda mêngkono, mêsthine sadhiyane suguhan, iya ora sêmbarangan bae, tur iya nganggo tawa mêngkene kae: mau minum apah, mopro, mênir ...

Radèn Pèktor: Iya ngono kuwi, nanging cara Lônda, pah. Hla iya wong pirang-pirang, panjaluke mêsthine iya warna-warna, ana sing anjaluk: bir, wiski sodhah, limun, ès krim, lan kuwihe iya: sê-pe-kuk, pah.

[Grafik]

...rene-rene, le, mèlu simbah ...

Radèn Ngabèhi Endra: Hu-wah. Iya brêgas bangêt ane. Sukur, ta, sukur, dadi ora ngisin-isini le dadi anake bapak. Dhèk biyèn nalikane bapakmu iki isih dadi wêdana, kumpulane Walônda iya pirang-pirang, kaya ta Walônda-Walônda pabrik. Wah kala samono saka pintêrku nyang dhayoh, Walônda-Walônda padha dhêmên kabèh nyang aku, nganti aku sok olèh prêsèn gula barang.

Mantri pulisi (mantu): Wah, pak, manawi sapunika botên kenging babar-pisan, wêdana ngantos nampi prêsenan saking pabrik punika, sabab punika rak: sêmiran, namanipun.

Radèn ngabèi: Ha iya, nang, nèk saiki kaya ngono kuwi iya ora kêna babar-pisan,

--- 1552 ---

sabab sêsrawungane bôngsa Walônda karo bangsane dhewe saiki karo biyèn kuwi wis seje bangêt. Jaman biyèn kuwi kêkumpulane: Lônda, Tionghwa, karo basane dhewe kuwi wis kaya sadulur bae. Wong iya wis kaya sadulur, dadi siji lan sijine iya ora duwe ati kêpriye-kêpriye, kaya ta ati sêmang-sêmang, sujana, lan sapadhane, kuwi babar-pisan ora anduwèni, mulane ing kala samono, wong wèwèh kuwi iya ora duwe pikiran apa-apa, dadi iya kaya wèwèh nyang sêdulur kae bae.

Radèn Kèrit (opsèhtêr): Ora, dhek, mau jangjine ana ing kene rak mung arêp sadhela bae, sabab isih akèh sing kudu diwènèhi: slamêt Lêbaran. Ayo tumuli padha pamit.

Salajêngipun nuntên sami bibaran.

Lêlampahanipun Sêmar, Garèng lan Petruk.

I. Ngajêng Lêbaran.

Garèng : Kowe kuwi pancèn iya uwong murang sarak, wong pindhah omah bae kathik ngarêpake bakda, cacade omahmu ing Bungur Jawa nomêr 8, apa, hèh. Wong iya wis omahe dhewe, tur katone ing kampung kono, iya sing ambalindhrik dhewe. Sanadyana ana ing sajêroning kampung, wong sing ora sumurup, rak bisa ngarani: iki mêsthine dalême mas lurah, ora-orane iya dalême mas kêbayan. Mara, apa ora mêtangkring kuwi arane. E, kok iya mêksa pindhah gumunku kuwi. Apa rumasamu Truk, dupèh papane omahmu ayar iki jênênge: Plihpelan nomêr 55 (Vliegveldlaan No. 55) sajak ambêlandhain, apa darajatmu banjur mundhak, banjur disêbut: kangjêng tuwan mênir mêngkono apa.

Petruk : Ambok aja usah kêdawa-dawa mêngkono, cêkake ana ing omah lawas aku wis bosên, kêpengin ganti hawa, Kang Garèng.

Garèng : Ha iya, nèk mung bosên omah bae iya ora dadi ngapa, anggêre aja bosên ... bojo.

Petruk : Wayah, ambok aja sing-sing kang diomongake mêngkono, ta, Kang Garèng, luwih bêcik aku tulungana anggone tata-tata omah, ing besuk malêm Bakda, kowe lan bakyu tak aturi mrene, prêlu sênêng-sênêng lan ropyan-ropyan.

Garèng : Ha iya, ta, kae bakyumu malah wis miwiti pasang gambar barang. Lêmari iki arêp dipasang ana ngêndi, Truk, rak iya ana ing kamar, ta, ayo tak angkatke, rewangana, sêmelah, wèh, hla kok luwih abot katimbang ... rôndha lêmu. We, we, we, mêngko sik, Truk, cêkêlana dhisik, jaritku mlotrok.

Biyang Nala : Mara, kae rungokna, dhi,

--- 1553 ---

Makne Kamprèt, kae nèk kakangmu, nyambutgawe sêthithik bae, cangkême iya têrus ngêcuwis. Wis ora susah dirungokake, saiki aku tak masang lurup tembok iki, sawangên dimène dhuwure, dhi, wis sêdhêngan, mêngko tak pakune: thok, thok, thok, saiki sing sisih, ora mèncèng iki, dhi, mêndhuwur sathithik-kêdhuwurên-wis, ora mèncèng, saiki tak pakune manèh.

[Grafik]

Petruk : Lho, Kang Garèng, kuwi aja diunggahake lêmari, dèlèhna ing longan têmpat tidhur bae, hla wong ... pispot jarene.

Biyang Nala : Le kaya wong desa mêngkono, ora ngrêti barang wadi, rak iya ngisin-isinake thok bae, lho, lho, kok jêbul malah ngêmplok brêgêdèl, kathik saêndhêgan,... wolu. Ih, le ngisin-isini.

Biyang Kamprèt : Ambok kajêngipun, ta, bakyu. Môngga, bakyu, Mas Nala, utawa kowe Pakne Kamprèt, sami ngaso dhahar-dhahar rumiyin.

2. Malêm Bakda Riadi.

Petruk : Wah, môngga, môngga, bakyu, utawa kowe, Kang Garèng, lênggah, lênggah.

Garèng : Wis matêng-matêngan apa kuwih-kuwihe.

Biyang Nala : Hara, lungguhe bae durung mapan, kathik wis nakokake kuwih-kuwih.

Petruk : Aja kuwatir, Kang Garèng, cêkake arêp mangan kuwih apa bae, sagêndhingmu. Sêpekuk: ora ana, kuwih tar: ora ana, kuwih blèg: ora ana, kuwih têlês: ora ana, kêring-kêringan: ora ana.

Garèng : Ayo, bune, mulih bae...

Biyang Kamprèt : Yah, pakne kuwi le sok sêmbrana, botên, dhing, mas, Nala, kêng rayi namung ngapusi kemawon, sampun kondur rumiyin, tiyang kula sampun sadhiya dhahar, sanadyan namung sawontênipun.

Petruk : Wong Kang Garèng kuwi le sok kêsusu bae ngono, rak iya linggih dhisik. Sêdhêng dhahare diêngêt-êngêti, dadi mêngko le dhahar kabèh sarwa angêt, cara priyayi sêthithik, Kang Garèng. Timbangane ngêntèni karo nganggur, kaya-kaya luwih bêcik padha main: brij. Aku karo bakyu, dene kowe, Kang Garèng, karo adhimu, Makne Kamprèt.

Garèng : Bagus, mêngko aku sing taklêc, (ngocok) kowe Makne Kamprèt, sing

--- 1554 ---

ambagi. Ayo bune, kowe saikine sing: kupir (ngêthok), cèm, ayo Makne Kamprèt, kowe saiki sing: kol (aba).

Biyang Kamprèt : Mangke rumiyin, ta. Krêtune kok tanggung têmên, inggih sampun, artên, (kowok).

Petruk : Cêngkèh loro (twee klavers).

[Grafik]

Garèng : Aja wêdi Makne Kamprèt, pir artên (kowok papat).

Petruk : Kêpriye, bakyu, bisa ambantu aku, ora. Wani, lima cêngkèh.

Biyang Nala : Ora, dhi, wong krêtuku mung godhong-godhong kabèh. Aku tak: pas, bae. Wis dhi, saiki kowe wiwit.

Petruk : Mêngko sik, wong iya kowok papat, bêcike: dhublir (didhobêl). Saiki tak ngêtokake iki bae: as, cêngkèh.

Biyang Nala : Bênêr, bênêr, têrus dhi. Ayo, krêtune kuwi dibukak kabèh. Sing main rak iya Makne Kamprèt. O, sambêr gêlap, kudu tak kruwês bae irunge. Mulane ujug-ujug wani kowok papat. Wong ora duwe cêngkèh, lagi arêp mêtu sapisan bae, wis di: trup.

Garèng : We-we-we-wèh. Irung kathik dicènèng sakêpenak kirane ki mêngkono, apa rumasamu irung saka karèt apa.

Petruk : Wis, cilaka, sing kulanuwan-kulanuwun kae, kaya-kaya kaume. Bune, bune, enggal padha kukutana kabèh, nèk nganti kaume wêruh kene padha main brij, rak iya muring-muring têmênan. Hla wong malêm Bakda pancène kudu têbiran, jêbul nyêkêl krêtu mêngkene, mêngko bae, bakyu, nèk kaume wis lunga manèh, padha dibanjurake.

3. Dintên Lêbaran.

Garèng dhatêng supir taksi : Bang, bang, taksi tidhak dipake, bagus, brênti sêbêntar. Brapah, bang, sewah taksi dhari sini sampe dhirumah bapak sayah. Lho, kok kêtawah, sêmbrana, dhitanyaki priyayi kok kêtawah-kêtawah, aku tidhak mau gêguyon, sèh. Tidhak ngrêti, buwat [buwa...]

--- 1555 ---

[...t] apah, dhong, jadhi sopir taksi. Aku tadhi tanyak: ongkosnyah taksi dhari sini kêrumah bapak sayah, bêrapah. Lho, kok kêtawah lagi, we, lah, memang sêmbrana bêtul kowe itu, sopir. Ini priyayi, priyayi.

[Grafik]

Petruk : We, hla, kae kênang apa Kang Garèng, sajake kok mêncak-mêncak nêsu nyang sopir. Ayo, bakyu, utawa Makne Kamprèt, Kang Garèng padha diparani. Kang Garèng, Kang Garèng, sajake kok nêpsu têmênan, kênag apa, kênang apa.

Garèng : Sing ora nêpsu bae sapa, supir kathik kurang ajare ngêntèk ngono, hla wong ditakoni bêcik-bêcik, kathik anggêguyu, apa dikira yèn aku ora duwe dhuwit apa. Ing môngka pitakonku cara Mlayune rak iya cêtha, ta, mara, rungokna, apa Mlayune kurang gênêp: bang, sewanyah taksi dhari sini sampe dhirumah bapak sayah, bêrapah...

Petruk : O, iya mèmpêr, nèk si supir kuwi mau gumuyu, ora sabab cara Mlayumu kurang jangkêp, nanging pitakonmu kaliru. Sabab si supir rak ora sumurup omahe Ramak, têka ditakoni: pira sewane taksi saka kene têkan ing omahe bapak, mêsthi bae dhèwèke banjur gumuyu. Wis padha nunggang bae kabèh, mêngko prakara bayarane taksi, tak uruse dhewe bae.

4. Wontên ing Griyanipun Sêmar.

Sadumuginipun ing griyanipun Sêmar, Garèng lan Petruk sasemahipun, ujug-ujug lajêng sami andum damêl. Bojonipun Petruk anggorèng-gorèng, Petruk ingkang dados tukang icip-icip, bojonipun Garèng lêlados, Garèng angampirakên.

Sêmar : E, lae, suwargane wong tuwa kuwi ora kaya wong kang isih rinubung ing anak putu. Yè-

--- 1556 ---

[Grafik]

Sawangan ing Samarindhah, ingkang limrahipun dipun wastani rêdi A. Gray.

n nuju ing dina Lêbaran ngene iki tansah dipundhi-pundhi, diaji-aji, diêmi-êmi, mung tansah dikon mangan enak, nganti kaya sêpur kilat, dhur-dhuran, ora ana lèrèn-lèrène. Adhuh, mantuku tuwa, anggone ngladèni mula iya prigêl, lakune dhodhok nganti kêna diwilang, iramane alon. Yèn ora kabênêran, têkane ing ngarêpku, mung kèri piring thok.

[Grafik]

Garèng : Rama iki mêsthi nyêmoni aku, diarani aku ngêlongi rêjêki ana ing dalan. Niyatku rak ora ngono. Tinimbang pating klaprèt, rak bêcik dirêsiki dhisik. Dene katutan sing ana têngah, iku rak jalaran saka prigêle tangan. Nanging sanyatane mono Rama iki pancèn kêna tak arani waspada, priksa mênyang sêmu.

Sêmar : Nèk kanggone aku, Nala Garèng, aja manèh mênyang klebat kang cêdhak ora wêruha, sanadyan kang adoh-adoh aku isih cêtha.

Petruk : Kuwa dudu pasêmon, niyate ngarani mêntah-mêntahan. Nanging yèn aku iki pancèn barès, mung dhapur ngicipi, nanging angèl anggonku ngarani enake ana ing ngêndi, barêng wis katog, katêrangane jêbul enak kabèh, bumbune sarwa sêmêdhêngan. Samene bathine wong duwe bojo pintêr olah-olah.

--- 189 ---

No. 48, taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

Ngucap slamêt ing dina Lêbaran

We la, bocah-bocah wis padha nglumpuk, aku mèh kari, kabèh-kabèh wis padha Lêbaran, aku dhewe durung. We, olèhe padha ayu-ayu, bagus-bagus, brêgas-brêgas, nganti Bu Mar mèh pangling nyang kowe kabèh.

[Grafik]

Wadhuh sênênge atiku, ing dina Bakda Riadi para kaponakan padha kumpul nuduhake katrêsnane nyang ibune. Ayo padha lungguh-lungguh sing kapenak. Sadurunge aku kandha akèh-akèh lan awèh pangapura mênyang kowe kabèh, aku apuronên dhisik, awit wong tuwa mêsthi akèh laline lan akèh lupute. La saiki aku nampani têkamu, ura usah aku ngrungokake têmbungmu sing akèh-akèh. Têkamu taktampa kanthi bungahing ati. Muga-muga padha pinaringan slamêt, padhang pikire, bisa nampani wulanging guru, mênyang wong tuwa ambangunturut, ora dhêmên dolan ora dhêmên muring-muring lan ora dhêmên njaluk dhuwit.

Aku samono uga, pujèkna bisaa awèt momong kowe kabèh lan gêguyon karo kowe, lan muga-muga pinaringan têtêping iman santosa.

Saiki kêpenakna anggonmu lungguh karo disambi ngombe wedang, dene pacitane mung sarwa prasaja bae, nagasari, mêniran, srudhut, urab-uraban jagung lan gorengan intip, bakaran bêton. Sarèhne kowe padha sênêng nyang dêdongengan, mêngko sadhela êngkas, dakdongèngi.

Bu Mar.

--- 190 ---

ASMARADANA.

1. Kasmaraning tyas tan sipi, | kumêdah-kêdah tur sêrat, | mring Bu Mar nuwun wiyose, | sarèhning dintên Riaya, | ngaturkên sêmbah kula, | ing sadaya lêpat ulun, | lêburna dintên punika. ||

2. Kasmaran kang kaping kalih, | katurna mitra sadaya, | kakung miwah wanodyane, | ngaturakên taklim kula, | pamuji tinampia, | bilih wontên lêpat ulun, | lêburna dintên punika. ||

3. Panyuwun kula mring Widi, | sadaya pra mitra kula, | pinanjangna ing yuswane, | sampun wontên kara-kara, | dugia kang sinêdiya, | antuka brêkah pra sêpuh, | têtêping kudanganira. ||

4. Titi atur tanggal kaping, | pitulikur wulan Ramlan, | Rêbo Kliwon ing dintêne, | taun Ehe angkanira, | Ga-Pa-E-Pa winaca, | minangka ing sowan ulun, | Sukêman ing Surakarta. ||

OPAHE BOCAH KANG TANSAH NARIMA.

Kacarita ana wong aran Dipawirya. Anggone jêjodhoan karo sing wadon rukun bangêt, sapa sing wêruh mêsthi sênêng atine. Tumrap tangga têparone padha asih trêsna, ora tau ana tangga sing krungu swara grêjêg. Dipawirya anggone omah-omah wis ana 14 taun pinaringan anak papat, sing pêmbarêp wedok, dene sing têlu lanang kabèh. Anak-anake mau padha wêdi lan manut karo wong tuwane. Pagaweane Dipawirya iku dadi mandhor ing pabrik wis ana 8 taun; dene sing wadon buruh mbathik. Pambathike Mbok Dipa iku apik, kikrik, wis kondhang ing kutha kono, mula ndara dènayu wêdana uga rêmên bangêt, lan mêsthi dhawuh ambathikake. Yèn wis sowan ngaturake tembokan, ya banjur kaparingan mori manèh, mêngkono sabanjure. Dadi kajaba dhuwit pamêtune sing lanang, Bok Dipa uga tampa liyane, ya ora akèh nanging kêna kanggo imbuh-imbuh kabutuhan buri. Anake wedok aran Murni wis tamat saka sêkolahan desa, mbajutake marang Kopschool. Anake lanang sing nomêr loro aran Sarija uga wis sêkolah ing pamulangan H.I.S. dene sing loro isih rada cilik. Bocah-bocah mau ketok sêgêr bagas kuwarasan lan andêmênakake.

Nanging yèn durung kêparêng ing Pangeran tulus sênênge, dilalah Dipawirya dilèrèni saka pagawean. Wah, barêng tampa dhawuhe saka sing disuwitani, yaiku tuwan administrateur, rasaning atine Dipawirya kaya diiris-iris. Sanadyan Dipawirya ketok ambêrabak lan andharêdhêg, nanging tuwan administrateur mêngksa ambacutake anggone arêp nglèrèni, mung Dipawirya êntuk têmbung pamarêm sathithik, sing karêpe mangkene: "Dipa aku ya mêruhi kasusahanmu lan kowe uga ora anduwèni kaluputan apa-apa, nanging kapriye manèh, ing mangsa malèse iki, aku kudu nglèrèni mandor têlu, êmbuh mbesuk, yèn mangsane bêcik, kowe mêsthi dak kon bali manèh.

Barêng Dipawirya mulih, sadalan-dalan tansah mbrêbêsmili, ngèlingi anake isih cilik durung ana sing mêntas.

Satêkane ing omah, Dipawirya uga banjur crita nyang sing wadon. Sanalika iku sing wadon uga kagèt bangêt, kira-kira ana sêprapat jam lungguh tanpa kandha apa-apa. Nanging suwe-suwe banjur dipupus.

Esuke, barêng Murni lan Sarija arêp padha mangkat sêkolah, diundang dening bapakne sarta dikandhani mangkene: "Padha renea nggèr, anakku Murni lan Sarija, kowe dipadha nrima ya, wiwit dina iki, bapak wis dilèrèni anggone nyambutgawe. Kowe mêngko padha matura nyang gurumu, nyuwun mêtu anggonmu padha sêkolah, awit wis ora bisa ambayari. Murni, kowe ngrewangana êmbokmu, lan Sarija bisaa ngêmong adhi-adhine. Kêpriye manèh, bapak ya bangêt anggone kêpengin nyêkolahake kowe. Besuk yèn ana rêjêki, bapak diparingi pagawean manèh, kowe rak ya bisa nêrusake sêkolah manèh ta".

Bocah loro mau pancène rumasa kêcuwan bangêt, nanging dhasar bocah manutan, iya mung nglakoni apa pakone bapakne. Kanca-kancane padha takon, têka arêp mêtu sêkolahe, iya diwangsuli prasaja, yèn bapakne dilèrèni anggone nyambutgawe.

Sajrone Dipawirya dilèrèni olèhe dadi mandhor, tanpa lèrèn aggone ichtiayar anggone golèk pagawean, nanging mêksa durung pinaringan bêgja.

Saiki sing kanggo mangan mung saka pamêtune mbathik Mbok Dipa. Mangka sapira ta kèhe opahe mbathik, mangka kanggo mangan jiwa ênêm. Barang-barang

--- 191 ---

ing omah lan sandhangan sing rada apik, êntèk diêdol prêlu kanggo tuku pangan.

Anuju sawijining dina, yaiku tanggal kaping 20 sasi Pasa, Mbok Dipawirya katimbalan mênyang kawêdanan. Barêng wis ngadhêp ndara dènayu nuli kadhawuhan mangkene: "Mbok Dipa, kowe tak undang mrene, ya kaya adat sabên, arêp dak jaluki tulung. Mêngko sore rak malêm sêlikur ta, aku arêp slamêtan, mangka baturku lagi padha lara, dadi kowe dak jaluki tulung supaya olah-olah ana kene. Anakmu Murni ya konên ngrewangi.''

Wangsulane Mbok Dipa: "Inggih sêndika, ndara." Sajrone nyambutgawe Mbok Dipa didangu, bab bathikane apa wis mèh rampung.

Wangsulane Mbok Dipa: "O, ndara, sarèhning semah kula sapunika sampun dipun kèndêli saking padamêlan, kula kêpêksa nyambi bêrah sanès, mila sêratan botên sagêd enggal rampung kados adat sabên. Lare ingkang alit-alit tansah nangis kemawon, mbokmanawi saking kirang anggènipun nêdha. Cêkakipun kula sabrayat sawêg sami nandhang susah.''

Ndara dènayu wêdana bangêt kagète barêng mirêng yèn Dipawirya wis dilèrèni, banjur thukul wêlase marang Dipawirya saanak bojone.

Barêng wis rampung anggone olah-olah, Mbok Dipawirya lan anake kêlilan bali kanthi digawani sêga lan lawuh sacukupe.

Saiki wis kurang rong dina anggone Lêbaran. Dipawirya lanang wadon lagi padha lêlungguhan, anake wadon, si Murni lagi njlumati sandhange sing padha suwèk, calathune:

Mbok, mbok, iki nèk wis dijlumati rak ya rapêt manèh, kêna kanggo besuk dina Lêbaran, ya mbok?''

Sarija calathu mangkene: Pak, pak, Lêbaran dhèk anu kae, kok sênêng ya pak, klambine anyar, diparingi mêrcon saka tuwan administrateur, nanging barêng saiki bapak wis lèrèn, ya ora diparingi manèh ayake, ya pak, ah ya bèn, ya pak, oraa nyumêt mêrcon ya ora dadi apa.''

Barêng Dipawirya lanang wadon krungu têmbunge bocah loro kang mêmêlas mau, nggrêgêl atine, wêlas bangêt, têka padha narima têmênan.

Bocah sing loro padha pating cruwèt yèn dina Bakda bakal njaluk long, lan panganggo anyar, njaluk dhuwit sarta njaluk diplêsirake nunggang motor.

Dipawirya krungu têtêmbungane bocah loro iki atine saya nggrêgêt, rasane kaya diwênyêt-wênyêt, banjur tuwuh gagasane sing ora-ora. Bapakne mangsuli: "Iya le, le, mbesuk, ya le.''

Barêng Dipawirya anggone ngênêng-ênêngi anak-anake têkan kono, dumadakan krungu suwara "Kulanuwun''. Bocah-bocah padha mênêng anggone pating crowèt: Dipawirya ngêngakake kori karo mangsuli: "Mangga, lho mas upas kawêdanan, mangga, mangga lênggah, diutus, napa ontên prêlu piyambak.''

Upas: "O, kula diutus ndara wêdana sêkalihan kadhawuhan nimbali sampeyan, semah sampeyan lan anak-anak sampeyan sêdaya, supados kabêkta dhatêng kawêdanan.''

Dipawirya kagèt krungu têmbunge upas mau, nuli kêsusu calathu karo wêdi: "Lho, ontên napa, mas upas, ontên napa! Mbokne. Mbokne gilho rene, kowe nglakoni kaluputan apa, têka aku kabèh katimbalan?''

Upas nyêlani: "O, Kang Dipa, lênggah kriyin, sampeyan ditimbali niku, botên ajêng didukani kok, malah ajêng diparingi pitulungan agêng. Sampeyan ajêng didhawuhi dados abdi pêladèn, semah sampeyan didhawuhi olah-olah, Murni dados tukang rêsik-rêsik kamar, Sarija ajêng didhawuhi nêrusake anggone sêkolah, dene sing alit-alit, benjing yèn êmpun mangsane sêkolah nggih ajêng disêkolahake.''

Clês, rasaning atine Dipawirya, banjur calathu marang bojone: "E, mbokne, kanugrahan gêdhe, kanugrahan gêdhe, dene bandara wêdana sêkalihan padha kêrsa manggalih marang kasusahanku lan kasusahanmu. Ayo padha mangkat sowan saiki uga.''

Murni lan Sarija barêng krungu, bungahe tanpa upama, nuli enggal tata-tata arêp budhal.

Satêkane ing kawêdanan, upas ngaturake kabèh kaanan ing omahe Dipawirya, sarta kabèh sing dirungoni, awit upas mau krungu nalikane anake sing cilik-cilik padha pating crowèt anduwèni panjaluk dhewe-dhewe.

Ndara dènayu wêdana nuli ngandika marang Dipawirya karo mèsêm: "Wis saiki ora prêlu susah-susah, lan ora prêlu judhêg atimu, Dipawirya, aku wis sadhiya sandhangan kanggo kowe lan anak bojomu. Aku iki wis rumasa kêpotangan akèh, ana gawe bojomu ngrewangi buri, aku kasripahan kowe lan bojomu ribut ngadani sakabèhe, ora wêdi kêsêl. Sarèhne kowe saiki lagi nêmu susah, aku ya arêp nulungi. Yèn kowe padha gêlêm, wiwit dina iki kowe padha manggona kene, kaya sing wis dikandhakake dening upas kuwi mau.''

Dipawirya mangsuli: "O, ndara, matur nuwun, dene panjênêngan sêkalihan krêsa maringi pitulungan ingkang makatên. kula sadaya ndèrèk ingkang dados kêrsa panjênêngan kanthi bingahing manah.''

Wiwit dina iku Dipawirya saanak bojone padha nyuwita ing kawêdanan.

Barêng dina Lêbaran Murni lan adhi-adhine padha sênêng-sênêng, mênganggo anyar, lan diparingi mêrcon akèh. Mêngkono opahe bocah-bocah sing tansah narima. Sabanjure Dipawirya saanak bojone uripe sênêng ora kurang sawiji apa.

--- 192 ---

ULÊR JÊDHUNG.

Si Sèni iku bocah wadon kang kêna diarani nel-nelan. Yèn kon antêng rada suwe prasasat ora bisa, kudune reg-regan bae. Mlaku ridhik ora bisa, sanaan ana ing omah gawene ya playon. Ibune nganti sok kandha: "Bocah wedok kok polahe kaya singgat nangka. Yèn si Sèni krungu têmbung mangkono iku, banjur mlayu lan suwe ora ngetok manèh.

Ana manèh kang dadi wêwatakane si Sèni mau yaiku, amrih kêpenake dhewe, yèn dhakon karo ibune, sarta dhèwèke wêruh bakal kalah, mêsthi banjur klepat lunga, ethok-ethok arêp njupuk apa-apa, nanging wusana ora bali manèh.

Sanaan si Sèni anduwèni wêwatekan kaya kang kasêbut nduwur iki, ibune trêsna bangêt marang dhèwèke, awit sêkolahe maju, bijine ora kurang saka pitu, lan akèh wolune.

Ana wêwatekane manèh sing durung disêbut, yaiku si Sèni mau nèk sasi Pasa kudu milu saur, nanging ora tau gêlêm pasa, lan ora mêrduli pasêmoning liyan kang kaya mangkene: "Bocah kang saur tanpa pasa iku sok dadi ulêr jêdhung.''

Kocapa ing sawijining andungkap Bakda Riadi si Sèni kagèt karo ndêlok jandhela ketoke wis awan bangêt, dadi rumasa yèn bakal kêpancal olèhe mlêbu sêkolah. Dhèwèke gragapan, enggal-enggal arêp tangi, nanging o, anèh, arêp lungguh ora bisa sarta krasa wêtêng lan awake êmbut-êmbut mangisor mandhuwur. Si Sèni kagèt bangêt ndêlêng awake kaya bantal ulêse ijo sarta lorèk-lorèk irêng. Wis nyata si Sèni mau malih dadi ulêr kang luwih gêdhe.

Barêng krasa kang mêngkono iku, dhèwèke arêp njêrit, nanging swarane ora bisa kêwêtu. Arêp caturan ngundang ibune uga ora bisa. Si Sèni nalangsa bangêt, olèhe crocosan lan pikire: "O, kapriye, aku saiki kêpancal sêkolah, kaya apa dukane guruku lan kapriye omonge bocah-bocah.

Si Sèni mêtu saka kamar karo nangis arêp anggolèki ibune, lakune rindhik sarta karo mengkud-mengkud, nanging têkan ing buri sêkèsêl wêruh adhine wadon jênêng Siên, liwat sarta calathu: "Yu Sèn kok ora ana ing kamar, saiki ana ngêndi ta?'' Si Sèni arêp ngundang adhine mau, nanging ora mêtu swarane.

Mêtu saka omah ora kêpêtuk sapa-sapa, ibune uga ora ana, dadi si Sèni kepeksa marang ratan gêdhe. Ing kono dhèwèke gawe kagèting wong kang padha liwat. "Apa iki, hiii, apa iki, o, ulêr jêdhung. Iki rak kêdadèn bocah kang saur ora pasa.'' Mangkono omonging wong kang padha liwat. Saking isin lan wêdine si Sèni mau arêp andhêlik. Rèhning êmoh bali nyang omahe manèh, banjur liwat dalan pêrlu marani grumbulan.

Wêktu iku wong kang padha ndêlok saya suwe saya akèh. Sawênèh ana kang muni: "Wis dipatèni bae, sabab ulêr samono gêdhene iku ngêntèkake tanduran.''

Ana sing mangsuli: "Aja, iku rak kêdadèn bocah, cik bèn kapok.''

[Grafik]

Si Sèni susah bangêt, ing mbatin calathu mangkene: O, kaniaya têmên, yèn aku ora enggal-enggal lumayu mêsthi mati.'' Nanging arêp mlayu, rumasa ora bisa, sabab kagêdhèn wêtêng, dadi kêpêksa golèk pangungsèn manèh ing wit kênari. Sanajan rada kangelan dhèwèke bisa mandhuwur. Kabênêran bangêt dhèwèke bisa nyandhak pang kang gêdhe; ing wêktu iki pulisi-pilisi padha têka anggawa gantar prêlu kanggo nyènggèt dhèwèke. Supaya aja ketok wong babarpisan si Sèni mandhuwur manèh, nanging wah cilaka, barêng mèh gadhug ing pucuk, blêkok-blêkok kang padha nusuh ing wit kênari mau padha nêsu, awit padha kuwatir manawa susuhe dirusak. Blêkok mau banjur padha nyambêri. Si Sèni saking bingunge, pang kang ditemploki diculake, lan dhèwèke banjur tiba.

Barêng tiba gabrug ing lêmah si Sèni kagèt nuli tangi, sêbab si Sèni sajatine iku turu lan lêlakon kang kacarita ing dhuwur mau mung impèn bae. Kêbênêran ora suwe ibune mlêbu ing kamar, nuli pitakon: "Nang apa Sen, êluhmu kok crocosan, apa sing kotangisi?''

O, bu kula nyupêna.''

Sèni ora gêlêm walèh apa kang diimpèkake, nanging wiwit iku dhèwèke ora gêlêm saur manèh, yèn ora niyat pasa.

--- [1573] ---

Ôngka 98, Rê Pa, 5 Sawal Ehe 1868, 8 Dhesèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1557] ---

Ôngka 98, Rê Pa, 5 Sawal Ehe 1868, 8 Dhesèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Cilauteureun - Kajênging Pralambang - Wara-wara - Lotre - Kawontênan ing Tiongkok - Sajarah dhatêng Pasareanipun Kyai Agêng Ngliman (Liman) - Pagêblug Sêsakit ingkang Nular - Dhialèkipun Tiyang Pathi - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita

Cilauteureun

[Grafik]

Sêsawangan ing pasisir sagantên kidul, Priyangan.

--- 1558 ---

Raos Jawi

Kajênging Pralambang

[Dhandhanggula]

Sinarkara krana rasa jati / wêwijangan wijil jroning layang / Nitisastra pralambange / kono ana kasêbut / caritane kang kocap nguni / ana sawijinira / naga gêng binuru / garudha krodha sêdyarsa / amisesa ing mau naga dèn usir / ngungsi mrih srana gêsang //

rakêt mulêt mring Sang Hyang Pramèsthi / mêsthi pêpês krodhèng grudha brastha / kasok kêkês kasurane / kumêl mulat Hyang Guru / garudhanggung asôngga-runggi / kagiri ewuh-aya / dènira yun mundur / bawur pamurwèng panêmbah / tambuh-tambuh mungsuhe worsuh mor dhiri / maring Hyang Girinata //

kaèmêngan mangu-mangunêngi / arsa mentar tarpa parikrama / sakamantyan ing tyas jrihe / bêndunira Hyang Guru / gênging siku kaèsi panggih / ananging mêksa panggah / lumuh nêmbah puguh / têmah mung mèngêt têtêngah / mundur sarwi asinamur kêmeron ati /Lebih satu suku kata: mundur sarwi sinamur kêmeron ati. amung: tur tôndha mêndhak //

randhat dahat anapak wiyati / ya ta wau têranging pralambang / dèn golèki gêlitane / sagaduging apunggung / iya mungguh ugêring urip / kang para angupaya / sraya sarana yu / dèn samya mrih dayaning lyan / kang ngayêmi ngayomi saraya jati / dadi srana pangrêksa //

kinawulan mrih pakolih urip / sraya mau ya ugi ingaran / bêbotoh pitêmbungane / ananing bobotipun / botoh iku malah ngluwihi / lawan toh baranarta / myang guna bisanung / sinung gung daya prabawa / liring botoh wong kang wênang anduwèni / pangwasa sarwa mênang //

piridaning paribasan muni / wong kang gawe abang biru bisa / pama abanga nyatane / nanging ora pakewuh / mungguhing wong kawasa bangkit / agal rêmpit tar kewran / ngruwat dadi biru / têgêse ing samubarang / panggawening kabèh uwong kudu mawi / srana pitulunging lyan //

kontap watak têpaning ngaurip / aywa klèru surup salah tômpa / tumonên tôndha yêktine / kèh pinton kang kêlakun / kêna kangge anênitèni / kayêktèning kaanan / anon rungon tirun / ratu iku ya mung titah / janma lumrah ewadene andarbèni / daya gêng amrabawa //

purba miwah misesa linuwih / wèh nugraha samaning manungsa / sinambadan sakarsane / sinung wênang ananggung / gêsanging lyan mung bisa kardi / bêgya lawan cilaka / klakone kawêngku / kawasanirèng narendra / anggêr antuk sih nugrahaning narpati / matumpa-tumpa bêgya //

nalurine wong kang angulari / sih wilasa kang saking narendra / kalawan liya-liyane / kang dèn padhakke ratu / iku kabèh ugêring margi / pinanci môncawarna / nora nganggo guru / paugêran marga juga / dening maksih ngrusak sênêng parênging sih / pilih bisa miluta //

pratandhane yèn mung lumrah janmi / nora têtêp tansah sarwa owah / nyênyiwah mring sanyatane / kaya ta abang tuhu / paripêksa bisa kinardi / dadi biru wêkasan / mau kang sinêmu / bêcik bisa dadi ala / bênêr bisa digawe dadine sisip / sakosokbalinira //

narambahi ing sêmbarang kalir / kalakuan kang nora sanyata / datan [data...]

--- 1559 ---

[...n] nyatuhu tindake / tuna dungkaping tanduk / kausuke kêdudon dadi / kang mangkono mung môngka / pasaksèn linuhung / ala bêcik bênêr salah / salir titah têtela margane saking / lawan pitulunging lyan //

tatacara carêming dumadi / duk dumunung doning ngarcapada / tanpa bisa mêntas dhewe / gawe dalaning laku / gumantung nèng liyan kang kardi / kasidaning sasêdya / munggwing lyan kang nanggung / mung ana prabedanira / manawa wong kang nanggung ing awal akir / akaran kanyataan //

tuladhane mung marga sawiji / bênêr bêcik kanggo paugêran / sangkan paran sampurnane / tarlèn pinurwèng laku / tuhu marang panggawe bêcik / nyirik panggawe ala / alugu kang nanggung / ing guna têkan panggonan / jati paran kasampurnaning ngaurip / sipat purba wisesa //

kang wus têtêp tanpa owah gingsir / saranane laksana mangkana / kudu lawan pitulunge / maring lyan kang ananggung / lire asung panuduh margi / ugêring kasampurnan / pranatèng tyas ayu / ywan tuhu sêtyèng laksana / sayêktine tumamèng don kang utami / tinêmu nora cidra //

nityasèng tyas mawas tôndha yêkti / yèn mungguh wong jaman mêngko môngka / pasaksin pasrasehane / iyèku para guru / paugêran pananggung murid / sampurnaning pruwita / watone pakantuk / pratôndha aran: dhiploma / mung kacèke cak-cakakan paguron lair / nlisir lan kanyataan //

tibèng pada sok blenjani jangji / sabab saka isih kawoworan / karêp nora sanyatane / bau kapi tinêmbung / dening nêmbing mung pilih kasih / basane mau ana / waton watak wantu / wus adate wong kawasa / dhêmên murba wisesa maring sasami / suka karya sakarsa //

prayoganing duga tan dèn goni / ninggal lagu lugu kanyataan / ambungahi dumèh duwe / pangwasa gêdhe dhuwur / bisa gawe bawur pangèksi / kaya ta yêkti abang / didadèkke biru / ruba bisa nuju karsa / bangun turut sapakon sarwa nglakoni / kono karêpe têkan //

lamat ing tyas ingèstu sasami / wus tan mawas pangwasane tiwas / agêmpal kaluhurane / lir mau kang sinêmu / Sang Hyang Guru suka dèn ungsi / naga sung marga gêsang / nèng jôngga kumalung / têgês panggawe utama / amung kanggo ing gita kang amigati / ngalingi ing kanisthan //

pinilaur kaurmatannya nir / wanuh wani grudha ngrusak tata / umadêg kadiksurane / bubrah sêmbah Hyang Guru / wus ugêre nyarang pakêrti / kang para murang marga / mring rèh panggawe yu / kasonyan ing kanyataan / antuk cacad rusaking jagad wus ngancik / pancèning para cidra //

talitining tuladha kinardi / amardèni yêktining pratôndha / sapadha wong bisa gawe / marganing ala ayu / yogya samya dèn sumurupi / sapa nurut piala / ya ala tinêmu / papasapa. manut kabêcikan / iya uga padha têmah nêmu bêcik / iku wus nora cidra //

nora nana kêna dèn kilapi / pola laku nistha lan utama / tan kawêngku awak dhèwèk / mawela wêtunipun / salwir tuwuh pinasthi margi / adhapur pinurwèng lyan / lananing lêlakun / têkaning pra kang parasdya / daya guna ginantung lyaning mêrgèni / madyarsa slira rata //Sengkalan: madyarsa slira rata (1868 A.J., 1937/1938 A.D.).

P.

--- [1560] ---

Wara-wara

Gêgayutan kalihan badhe wontênipun bêbingah, kasêbut ing wara-wara Kajawèn nomêr 90 tuwin 96, administrasi ngaturi uninga, bilih sawatawis dintên êngkas, blangko pos wisêl badhe tumuntên kakintunakên. Ingkang dipun kintuni blangko pos wisêl wau, sadaya lêngganan ingkang dèrèng nyêkapi pambayaranipun tumrap kuwartal I ing ngajêng punika. Dados ingkang botên dipun kintuni, namung para ingkang sampun lunas pambayaripun.

Kajawi saking punika, bab pangintuning blangko wau botên badhe ngangge ampêlop kados adat, nanging badhe dipun sêsêlakên ing salêbêting Kajawèn.

Murih botên adamêl kalêpatan, mugi para ingkang badhe mangsulakên bêlangko wau, kêparênga nyêrat asma, utawi nomêring lênggananipun ingkang... cêtha sangêt.

Wasana pangajêng-ajêngipun administrasi, mugi-mugi panjênêngan sadaya sagêd angsal bêbingah ingkang èdi sarta pèni punika.

LOTERIJ

[Grafik]

--- 1561 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok.

Ingkang pinanggih rame ing wêkdal punika ing papan paprangan sisih lèr. Mirid wartos ingkang sampun, pandhêsêkipun wadya Jêpan tansah angsal papan prayogi, nanging tumraping paprangan, botên kenging lajêng katêtêpakên makatên, amargi mingsar-mingsêring lêlampahan gampil sangêt malihipun. Ingkang sampun, Jêpan kawartosakên unggul, kathah papan ingkang sampun kenging dipun êbroki. Nanging sanès dintên wadya Tiongkok gêntos unggul, sagêd ngrêbat Sean lan laladan Sekiyang. Ing kala punika tandangipun wadya Tiongkok angeram-eramakên, sagêd ngrêbat papan ingkang sampun rinêgêm ing mêngsah, sagêd anjarah dêdamêl tuwin sagêd nawan mêngsah.

Wadya Jêpan sarêng sumêrêp pêrangipun ing ngriku kasoran, lajêng ngunduri dhatêng Sianghing, unduripun tansah dipun bujêng ing mêngsah. Sarêng sampun mundur ragi têbih sawêg purun campuh malih, ing ngriku lajêng katingal bilih unduripun wadya-wadya Jêpan punika prêlu mulihakên kêkiyatanipun tuwin nyêngkakakên dhatênging bêbantu, tuwin inggih nyata ing ngriku lajêng wontên bêbantu wadya Jêpan, lajêng nêmpuh saking gêgana. Ewasamantên wadya Tiongkok botên gigrig, tansah dipun tanggulangi kanthi karosan.

Wiwit punika adêging baris Tiongkok saya mapan, praja Nanking ingkang tansah dipun incih ing mêngsah lajêng dipun santosani pajagènipun, manggèn ing garising paprangan ing Sinkiang, Tanyang tuwin Kamtan. Ingkang manggèn ingkang sisih lèr piyambak wontên ing Singkiang, urut sapinggiring lèpèn Yangce, têbihipun saking Nanking kintên-kintên wontên 70 km. Gêlar sapisan punika katingal pinanggih wohipun.

Tumrap pamawasipun Tiongkok, lôngka saupami wadya Jêpan badhe malêbêt saking lèpèn Yangce. Amargi ing sapunika Tiongkok sampun sagêd mapanakên wadyanipun ingkang kangge nyantosani papan-papan ingkang kakintên badhe dipun ambah ing mêngsah.

Jêpan sarêng sumêrêp tatanan baris kados makatên punika lajêng santun gêlar, panêmpuhipun dhatêng Nanking pados margi sanès, saha sampun sagêd nyêlaki Nanking malih, kintên-kintên kantun antawis 70 km. Nanging sanadyan Jêpan santuna gêlar kados punapa ugi tansah tinampi ing gêlar gêntos, malah wadya ingkang dipun tindhihi dening Jendral Sahyusan lajêng nêmpuh ngêgèt ing wanci dalu wontên ing sacêlakipun Taming. Ing ngriku wadya Tiongkok sagêd unggul, tuwin tansah ngêlut dhatêng wadya Jêpan ingkang sami kêplajêng. Salajêngipun wadya Tiongkok sagêd kêmpal kalihan wadya sanès-sanèsipun ingkang saya mêwahi kasantosanipun.

Mirid kawontênan punika, têtela bilih ingkang dados kawigatosanipun ingkang sami paprangan punika Nanking, tumrap ingkang nêmpuh botên nêdya ngunduri manawi dèrèng sagêd ngêbroki Nanking. [Dilanjutkan pada hal. 1563]

--- [1562] ---

Rêmbag padhamèn

Ing salêbêtipun môngsa paprangan tansah wontên rêmbag angudi murih têntrêming donya. Dene ingkang ngadani rêmbag padhamèn punika nagari sasanga, manggènipun wontên ing Brussel.

[Grafik]

Ingkang kacêtha ing gambar: nginggil piyambak, Ministêr Bèlgi Spaak amurwani pambikaking parêpatan.

Sisih kiwa nginggil: Wakil Amerikah Norman Davis mêdhar sabda.

Ngandhapipun: wêwakil Tiongkok mêdhar sabda babagan paprangan Tiongkok Jêpan.

Ngandhap têngên: Shrap Ciano nôndha tangani sêrat ing sacakêtipun wêwakil Jêpan Horita.

--- [1563] ---

[Lanjutan dari hal. 1561: Pawartos Sanès Praja]

Dene tumrap Tiongkok têtêp angandhêmi, dumugining lêbur luluh pisan badhe dipun wujudi. Nanging botên kok Tiongkok lajêng badhe nanggulangi ingkang tanpa dugi-dugi tuwin tanpa ukuran, malah sadaya punapa tindakipun botên atilar wawasaning prajurit wêgig ing ulah paprangan.

[Grafik]

Sêsawangan lèpèn Yangce, Tiongkok.

Garis paprangan ing sakubêngipun Nanking saya dipun santosani, sanadyan kawontênanipun ing ngriku sampun mrênding, saupami karêbat ing mêngsah sampun ngantos uwalipun punika kanthi tilar kanisthan. Awit Jendral Syangkaisèk inggih sampun mangrêtos, bilih kêdah gadhah tindak kados makatên punika, dados sanadyan kasoran inggih utami, saya manawi sagêd unggul, lajêng badhe saya katingal.

Tumrap Syanghai, kawontênanipun namung sarwa manggih tatanan enggal, ing golonganing sêrat kabar mêntas ngawontênakên rêmbag ing parêpatan, badhe ngèndêli wêdaling sêrat-sêrat kabar ing Syanghai, prêlu kangge sasmita panduwa ing bab anggèning Jêpan badhe niti dhatêng kawontênanipun ariwarti. Wontên ariwarti sakawan ingkang badhe lêstantun dipun wêdalakên, nanging botên wontên ing Syanghai.

Kajawi punika tumrap pakaryan pabean, samôngsa panguwaos pabean ing Syanghai kaliyêr dhatêng Jêpan, para punggawanipun badhe sami kèndêl. Môngka manawi kalampahan para punggawa ing ngriku sami kèndêl, lampahing padamêlan ing ngriku badhe rêndhêt sangêt, malah gêgayutanipun kalihan nagari-nagari sanès ing bab babagan arta, tamtu badhe manggih pakèwêd. Mila ing bab punika lajêng kathah ingkang ming ngêmori damêl.

--- 1564 ---

Cariyos Kina

Sajarah dhatêng Pasareanipun Kyai Agêng Ngliman (Liman)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 6

Ing nglêbêt sênthong pasarean kaplêstèr gilap saha kasumêdan dilah gantung kina, katingal gumrining sae. Klambunipun pasarean lawon pêthak, karangkêp-rangkêp watawis wontên pitung lêmbar mubêng. Sakubênging pasareanipun ki agêng lan nyai agêng wau dipun pagêr tembok, lan ing capuri dipun kubêngi gêbyog kajêng jatos, payonipun gêndhèng, awangun sênthong. Dene sajawining cungkup pakuburanipun para darahipun kyai agêng wau.

Sasampunipun juru kunci lajêng prentah dhatêng kula sadaya kapurih wangsul mandhap. Sawênèhing tiyang wontên ingkang angetang kathahing tlundhagan wau, cariyosipun, sasampuning kapanggih cacahing tlundhagan, punika minôngka tôndha badhe panjanging umuripun. Upami pinanggih 50 cacahipun, umuripun inggih badhe 50 taun. Pinanggihing pangetangipun tlundhagan tumraping tiyang satunggal-tunggalipun botên sami, wontên ingkang pinanggih 43, 105, 90, dene kula piyambak pinanggih 80. Ananging lêrês lan botênipun tumraping kapitadosan kasêbut ing nginggil wau, kula botên sagêd ngaturakên. Ing môngka saking pandugi kula tlundhagan wau wontên 202-300 iji. Ingkang kadamêl banon kina, wiyaripun wawiswatawis. 1/2 mêtèr.

Pasarean wau wontên kalih panggenan, inggih punika ingkang satunggal saking margi alit ing dhusun dhatêng parêdèn mangilèn, lajêng minggah ngidul, ingkang satunggilipun malih minggah parêdèn mangalèr, watawis sami têbihipun, ajêng-ajêngan, wangun punapadene rêrêngganipun ugi sami. Ingkang minggah mangidul inggih punika pasareanipun kyai lan Nyi Agêng Ngliman, dene ing sisih lèr dèrèng kasumêrêpan asalipun, dalah juru kunci piyambak botên sagêd mastani. Nanging têtiyang ing ngriku angintên pasareanipun Sunan Kalijaga. Punika kula botên sagêd anêrangakên, jalaran buku Babad Tanah Jawi ugi botên nyêbutakên dhusun Ngliman, ingkang kasêbut namung dhusun Tirip. Ing môngka dhusun Tirip wau aking dhusun Ngliman watawis wontên 50 km, inggih punika mandhap mangalèr, ing sukunipun rêdi Wilis, utawi pucaking rêdi Pandhan ingkang sisih kidul kilèn. Ing pasarean wau ing satunggiling sela wontên sêratanipun Arab pegon, saha sêratan Latin rêmêng-rêmêng, mungêl Sèh…taun 1671, lan wontên malih sêratan-sêratan nanging punika botên sagêd kawaos. Dene anggèn kula mastani taun 1671 punika namung kintên-kintên. Ingkang katingal ragi cêtha namung ôngka 176,169. dene ingkang ôngka satunggalipun katingal rêmêng-rêmêng. Saking adrêng kula ing batos, kêpengin sumêrêp mênggah dêdongenganipun pasarean wau, kêpala dhusun ing ngriku kula purih andongèng, lan ugi sagêd andongèngakên kados ing ngandhap punika.

Nalika Sèh Maolana Magribi (Sunan Ngampèl)

--- 1565 ---

lêlana ngidêri tanah Jawi, wontên ing Kêrtasana panjênênganipun ngêlak mundhut toya dhatêng satunggiling tiyang èstri ing dhusun Sêmandhing, nanging botên dipun caosi, awit tiyang èstri wau ajrih dhatêng Sèh Maolana Magribi, jalaran mangagêm jubah cara Ngarab. Ing wusana Sèh Maolana Magribi lajêng nyabdakakên dêduka, bilih tiyang ing Kêrtasana benjing ing akiring jaman badhe dados jaka tuwa, prawan tuwa, kirang sênêng panggêsanganipun, saha lèpèn Brantas kapindhah mangilèn ngantos angrisakakên pintên-pintên dhusun, lan pasabinan pintên-pintên bau.

Salajêngipun Sèh Maolana Magribi lajêng nêrusakên lampah dumugi ing dhusun Papar dipun oyak ing têtiyang dhusun, jalaran kadakwa damêl risaking dhusun. Ing wusana lajêng nyabrang lèpèn Brantas mangilèn, dumugi ing kilèn lèpèn pinanggih kalihan ratu dhêmit nama Butalocaya, wontên ing ngriku bêbantahan ngantos rame, wusana Butalocaya kawon wasis. Sarêng Butalocaya kawon wasis lan kawon sêkti, lajêng enggal-enggal lumajêng dhatêng nagari Majapait, atur wuninga dhatêng Prabu Brawijaya. Sang prabu lajêng paring dhawuh dhatêng Patih Gajahmada kinèn anêksèni. Ing wusana sarêng pinanggih ajêng-ajêngan kalihan Sèh Maolana Magribi lajêng bêbantahan bab ngèlmu, Patih GajahmadaSèh Maolana Magribi. kawon. Sarêng kawon, Sèh Maolana Magribi badhe kabônda badhe kaaturakên dhumatêng Prabu Brawijaya. Sèh Maolana Magribi mopo, botên purun, lajêng kapêksa. Nanging Patih Gajahmada botên sagêd nyêpêng tanganipun Sèh Maolana Magribi, amargi lunyu kados wêlut. Ing salajêngipun Sèh Maolana Magribi lajêng nyabda lèpèn Brantas supados asat. Sanalika lajêng asat, Sèh Maolana Magribi lumajêng, dumugi wetan lèpèn, toya kawangsulakên malih. Patih Gajahmada botên sagêd nututi, jalaran kaalang-alangan dening toya. Wasana têrus kabujêng dening wadyabala Majapait, ngantos dumugi kitha Surabaya mêksa botên sagêd kacêpêng, awit Sèh Maolana Magribi lajêng numpak baita dhatêng Dêmak. Badhe kasambêtan.

R. Sumarya.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2739. Ingkang ngêdalakên buku Javaansch-Nederlandsche Gesprakken toko buku W.J. Thieme & Cie-Zutphen nagari Walandi. Rêginipun f 1.75 ingkang samak kandêl f 2.10.

--- 1566 ---

Bab Kasarasan

Pagêblug Sêsakit ingkang Nular.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 96.

Kajawi tiyang ingkang gadhah kasagêdan gagrag enggal, kados ta: dêdamêlan mêsin ingkang dèrèng nate wontên, môngka kêkiyatanipun mêsin wau nglangkungi, tur sagêd irid, lampahipun rikat lan ragadipun mirah, angsal-angsalanipun sagêd langkung kathah tinimbang mêsin sanèsipun. Têgêsipun, upami mêsin limrah namung sagêd damêl utawi ngrampungakên barang 10 iji, mêsin ingkang gagrag enggal wau sagêd angsal barang 60-100 iji, dados tikêl 6-10 tinimbang mêsin ingkang lami. Tiyang ingkang pintêr damêl mêsin gagrag enggal wau lajêng nyuwun patèn dhatêng nagari, têgêsipun nagari supados mriksa mêsin enggal punika, dipun cobi dipun lampahakên, dipun sêksèni dening ingenieur ingkang sampun dipun têtêpakên dening nagari. Manawi sampun nyata, lêrês cocog, lampahipun mêsin wau sae tur migunani dhatêng umum, nagari lajêng paring sêrat pratôndha dhatêng tiyang ingkang manggihakên mêsin enggal punika minôngka palilah. Yèn mêsin enggal wau sampun dipun anggêp dening nagari kalayan sae, kenging dipun lampahakên, salajêngipun botên kenging dipun tiru dening tiyang sanès. Manawi wontên ingkang niru, môngka ingkang gadhah patèn lapur tuwin kadêngangan dening nagari, punika sagêd dipun ukum.

Makatên ugi dhoktêr utawi apotheker ingkang manggihakên jampi utawi serum enggal kangge anjampèni sêsakit sagêd cêsplêng, punika sadèrèngipun dipun angge anjampèni umum, kêdah dipun cobi, dipun trapakên dhatêng kewan rumiyin, salajêngipun dhatêng tiyang ingkang sakit, nanging kêdah dipun sêksèni dening para dhoktêr ingkang pintêr. Dene yèn sampun nyata jampi utawi serum wau pancèn botên ambêbayani tumrap tiyang, cêsplêng saèstu, dhoktêr utawi apotheker ingkang manggihakên jampi punika tampi sêrat patèn saking nagari kanthi dipun sayogyani ing para dhoktêr ingkang pintêr-pintêr wau. Yèn tiyang utawi dhoktêr ingkang manggihakên mêsin gagrag enggal, jampi utawi serum ingkang cêsplêng wau gadhah waragad cêkap lan purun, inggih kenging ngêdêgakên pabrik piyambak kangge damêl mêsin utawi jampi punika, prêlu dipun sade, têmtu sagêd pikantuk bathi kathah. Dene yèn botên gadhah waragad, utawi botên purun kalorohan, patèn wau kenging dipun sade dhatêng tiyang sanès, dhatêng Maatschappij utawi pakêmpalan cooperatie, ingkang cêkap sarta gadhah waragad kangge ngêdêgakên pabrik damêl mêsin utawi jampi wau. Bôngsa kula Jawi dèrèng wontên ingkang kalampahan makatên, dados dèrèng sagêd majêng nyamèni bôngsa kilenan.

Ing jaman samangke tiyang sampun kathah ingkang sami mangrêtos bab kadhoktêran, langkung-langkung para dhoktêr

--- 1567 ---

mila pitakenan ing nginggil wontênipun ing satunggiling panggenan têka ujug-ujug sagêd thukul pagêblug sêsakit nular punika, têrangipun makatên:

Ing pundi-pundi nagari utawi plabuhan kapal api, malah samangke sampun wontên motor mabur ingkang ngêwrat tiyang utawi barang-barang saking pundi-pundi, kêdah dipun jagi panulakipun sêsakit ingkang nular supados sampun ngantos lumêbêt ing nagari utawi plabuhan ingkang dipun jagi wau.

Sanajan panjaginipun wau sampun kêncêng saèstu, ewadene sêsakit-sesakit punika mêksa sagêd lumêbêt utawi nulari tiyang ing pundi-pundi, awit kewan-kewan kados ta: tikus ingkang andhêlik ing barang-barang momotan ing kapal, yèn tikus wau sampun katularan baksil pès saking sanès nagari utawi plabuhan, ingkang ing wêkdal punika tiyang ing kapal dèrèng wontên ingkang sakit pès, dados tiyang ing kapal inggih botên mangrêtos bilih ing ngriku wontên tikus ingkang sampun sakit ngandhut wiji sêsakit pès. Sarêng kapal dumugi plabuhan ingkang dipun ampiri, tikus mrambat ing ôndha ingkang sambêt saking kapal dhatêng dharatan, utawi tikus wau katut barang-barang momotan, tamtu ing dharatan ngriku tikus wau sampun sagêd nularakên pinjalipun ingkang sampun ngandhut baksil pès dhatêng tikus sanès. Pinjalipun tikus dharatan ingkang sampun katularan pès punika sagêd nyakot tiyang, tiyang wau têmtu sagêd kataman sêsakit pès, salajêngipun sagêd nukulakên pagêblug pès ing panggenan punika.

[Iklan]

Thukulipun pagêblug sêsakit typhus, cholera, lan dysenterie punika gumantung wontên ing toya ingkang dipun ombe utawi têtêdhan ingkang sampun tatularan wijinipun sêsakit wau, lan inggih saking tiyang ingkang sampun ngandhut wiji sêsakit wau, nanging botên kraos utawi botên rumaos sakit, inggih punika bacillendrager ingkang gêsangipun kados tiyang saras kemawon, tumrap tiyang saras sêsrawungan kalihan bacillendrager punika ambêbayani, awit sagêd nulari sêsakitipun dhatêng têtiyang ingkang dipun srawungi.

Kajawi punika wiji-wiji sêsakit wau kados wontên mangsanipun sagêd kadosdene kagugah galak mandi ampuh utawi kêras, wontên mangsanipun botên kêras utawi botên patos kêras. Mênggah môngsa baksil ingkang makatên wau, para dhoktêr dèrèng sagêd nêmtokakên môngsa lan kenging daya punapa. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja. Ind. Arts.

--- 1568 ---

Kawruh Sawatawis

Dhialèkipun Tiyang Pathi

Sami-sami basa Jawi, basa Jawi Surakarta punika kalêbêt basa Jawi ingkang alus piyambak, mila botên anèh buku-buku basa Jawi ingkang kangge wontên ing pamulangan-pamulangan punika sadaya sami ngangge basa Jawi Surakarta, lan pawicantênan-pawicantênan basa Jawi ingkang sae punika ugi niru cara pawicantênan ing Surakarta. Mirid andharan punika wau pancènipun tiyang ing sakiwa-têngênipun Surakarta utawi langkung jêmbar malih têtiyang satanah Jawi Têngah ginêmanipun sampun sagêd sami utawi apêsipun ngirib-iribi kalihan basa Surakarta, nanging nyatanipun botên makatên, sanajan pamulangan satanah Jawi Têngah punika wulanganipun basa Jawi ngangge basa Surakarta, nanging kabêkta saking cacahing lare utawi tiyang sêpuh ingkang sampun angsal wulangan saking pamulangan wau dèrèng sapintêna, mila ing satunggil-tunggiling panggenan taksih ngangge dhialèking ginêmanipun piyambak. Ing Kajawèn ôngka 95 ingkang mêdal kala tanggal 25 Nopèmber 1936 ngêwrat karangan bab dhialèkipun têtiyang ing Pacitan, punika satunggiling tôndha yêkti bilih satunggil-satunggiling panggenan punika taksih ngangge dhialèk piyambak-piyambak, saya malih manawi para maos kaparêng nyatakakên piyambak, ngrawuhi dhatêng kitha-kitha utawi dhusun-dhusun, ing ngriku masthi saya yakin dhatêng lêrêsing katrangan kula punika wau.

Sarèhning dhialèkipun têtiyang Pathi punika kula manah sawatawis ragi kathah bedanipun kalihan basa ing Surakarta, mila wontên ing Kajawèn ngriki kula badhe ngaturakên dhialèkipun tiyang Pathi wau sawatawis, bokmanawi sagêd dados indhaking sêsêrêpan (ciri S= Surakarta, P= Pathi).

S. akèh têmên - P. bêrah têmên@S. pakarangane sapa - P. karase sapa@S. tuku lombok - P. tuku cèngèh@S. nandur pohung - P. nandur tela@S. banyu krambil - P. duduh klapa@S. karêpmu dhewe - P. karêpêm dhewe@S. jaranmu mati - P. jaranêm mati@S. awakku lagi lara - P. awake aku lagi lara@S. awakmu sing lagi kojur - P. awake kowe sing lagi siyal@S. kesah dhatêng pêkên - P. kesah wontên pêkên.@S. pêjah wontên pêkên - P. pêjah dhatêng pêkên.@S. mangke kula mantuk piyambak inggih - P. mangke tak mantuk piyambak inggih@S. barêng têka banjur nangis - P. barêng têka darungan nangis@S. omah gêndhèng - P. omah kênthèng@S. mangan gêdhang - P. mangan kisang

--- 1569 ---

S usapana, ta - P. sapi, ah@S. kadospundi ta mas - P. kadospundi lèh mas@S. cêdhak bangêt - P. cêrak bangêt = ciruk@S. enak bangêt - P. inuk@S. kula tumut - P. kula andhèrèk.@S. botên ajêng nêdha - P. botên sêta madhang@S. lagi apês (cilaka) - P. lagi sobèk@S. sampun ngatên, ta - P. ampun ngotên, tah@S. benjing enjing - P. mangke enjing@S. wit kêmlandhingan - P. wit pêthêt@S. êmboke têka - P. make têka@S. akèh jingklonge - P. akèh nyamuke@S. duwe bênik - P. duwe kancing@S. mangan pêlêm - P. madhang pêlêm@S. tuku panganan - P. tuku padhangan@S. têlung benggol - P. têlung godhêm@S. sakêlip - P. sabolong@S. patang rupiyah - P. patang jampêl@S. arêp nyumbang - P. arêp buwuh@S. lunga anjagong - P. lunga mêlekan@S. sègêl - P. sègèl@S.dolanan kênèkêr - P. dolanan sêtin@S. nganggo kacu - P. nganggo sap tangan@S. anggendhong tenggok - P. anggendhong dhunak.@S. klambi kae êntasên - P. klambi ika êntasên.@S. kowe kuwi nakal - P. kowe iku nakal@S. aku arêp rewang wong duwe gawe - P. aku arêp ngalong@S. nandur tela - P. nandur tela rambat@S. mangan lotis - P. mangan rujak@S. anjaluk pêgat - P. anjaluk perak@S. cêndhaka kae, ta - P. cêrak cik lah@S. kowe lagi apa (ngapa) - P. kowe lah apa@S. mulih prêlu apa - P. mulih lah apa@S. cik bèn - P. êlah@S. bathon nyambut gawe - P. patungan nyambut gawe@S. mlujêng sabin - P. majar sabin@S. manuk mencok - P. manuk menclok@S. rak ngatên - P. tên ngatên@S. nonton lèdhèk - P. nonton jogèd@S. kêpêthuk kancaku - P. gêtudhuk kancaku@S. kiwa-têngên - P. kanan kantun@S. wulan punapa - P. santun punapa@S. yasa omah - P. galang omah@S. ana ing gisik - P. ana ing kisik.

Badhe kasambêtan.

Darma Cayana.

--- 1570 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Pambayaran N.I.R.O.M. têtêp f 1.50. Miturut wartos saking Hoofbestuur P.T.T. bilih Directeur Verkeer en Waterstaat nêtêpakên kangge pambayaran N.I.R.O.M. ing taun 1938 têtêp namung f 1.50, ing dalêm sawulan.

Inggah-inggahan tuwin kalorot. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, tuwan Mulio, asistèn wêdana Paresidenan Bojonêgoro, dados tijd. wd. wêdana ing Tambakrêjo, kabupatèn tuwin paresidenan ing Bojonêgoro. R.Ng. Sudarmo Joyowidigdo, wêdana ing Tambakrêjo, kabupatèn tuwin paresidenan ing Bojonêgoro, kalorot dados asistèn wêdana Paresidenan Malang.

Pest ing Selo. Ing Kajawèn nomêr 94 mêntas ngêwrat pawartos ing bab pest ing Selo, Boyolali. Ing bab punika miturut katrangan saking lêngganan nomêr 3994, pawartos wau wontên ingkang gèsèh. Inggih punika ing bab ing Klakah, watês Munthilan wontên tiyang ingkang kêtrajang sêsakit pest, punika botên nyata. Dene miturut katrangan wontênipun tiyang ingkang kêtrajang sêsakit pest wiwit tanggal 26 October dumugi tanggal 29 November, tumrap kalurahan Samiran pest wudun 4, pest paru 9, kalurahan Nglonyoh pest wudun 1, pest paru sêpên. Ing salajêngipun pajagèn katindakakên kêncêng, rêrêsik, nyêgah tiyang tuwi, madosi têtiyang ingkang sami sêsrawungan tuwin sanès-sanèsipun.

Sadhiyan waragad benjing pambabar dalêm Sri Paduka Rajaputri Juliana. Benjing pambabar dalêm Sri Paduka Rajaputri Juliana, Gemeente Bêtawi badhe nyadhiyani waragad kangge ramèn-ramèn f 10.000.- Kala pikramèn ugi nyadhiyani waragad samantên.

Punggawaning kapal van Heutz angsal blanja mirunggan. Directie K.P.M. anglahirakên pangalêmbana dhatêng punggawaning kapal van Heutz ingkang nalika kapal wau katêmpuh taifoon wontên ing Hongkong sami tumindak ing damêl yêktosan.

Sanatorium sêsakit T.B.C. Wontên wartos, ing bab angsal-angsalan beya karèt ing tanah Sabrang, ingkang saperangan badhe kangge ngêdêgakên griya sakit kangge tiyang sakit T.B.C. ing Sumatra-Pasisir Kilèn. Waragadipun wontên f 100.000.- Adêging griya sakit punika ugi badhe angsal pambiyantu saking Pakaryan Kasarasan tuwin S.C.V.T.

Pandamêlipun sarêm ing Grêsikputih. Papan damêl sarêm ing Grêsikputih, ing taun punika kawajibakên damêl sarêm kathahipun 15.000.000 kg. Nanging jalaran saking wontêning bêntèr panjang, dumuginipun sapunika sagêd damêl ngantos 22.500.000 kg. Ing padatan sabên wulan November sampun kèndêl pandamêlipun, namung sarèhning wontênipun bèntèr kados makatên, pandamêlipun taksih sagêd kalajêngakên.

Kunst-Ambachtsschool. Miturut wartos, fonds-fonds ingkang kasadhiyakakên kangge tatatêntrêm badhe ngêdêgakên Kunst-Ambachtsschool wontên ing Ngayogya manggèn ing Museum Sono Budoyo. Ing pamulangan ngriku badhe dipun dèkèki papan pasipêngan punapadene papan panyadean. Malah manawi kasêmbadan ingkang dipun êdêgi pamulangan makatên wau botên ingriku kemawon. Dene ingkang kapilih dados muridipun saking pilihan.

Ing Indramayu badhe kawêwahan pakunjaran. Sarèhning kawontênanipun pakunjaran ing Indramayu sampun botên nyêkapi, ingkang miturut wartos, ingriku badhe dipun dêgi pakunjaran enggal.

Banthèng ingkang dados godha ing Blitar. Ing kabudidayan Gondang Tapèn, Blitar, kêrêp kadhatêngan banthèng ingkang damêl pangrisak. Ing kalanipun dhatêng gêgrombolan ngantos 35. Malah sampun wontên papan ingkang jêmbaripun 10 ha. ingkang taksih dipun garap, dipun risak ing banthèng adamêl kapitunan. Tumrap rekadaya ingkang kangge panulak sampun botên kêkirangan, nanging ing sêmu banthèng botên ajrih. Bab punika lajêng dados panggalihanipun ingkang wajib.

Barang ing Kon. Bat. Genootschap wêwah. Meseum Kon. Bat. Genootschap ing Bêtawi mêntas tampi barang têtilaranipun suwargi Mr. J.F. Kramer, tilas Vice-President Hooggerechtshof, ingkang dèrèng dangu seda wontên ing Bandung, yuswa 95 taun. Barang tilaran wau awarni gambar corèk ingkang migunani agêng tumrap topografie. Gambaran wau tapak astanipun suwargi Tuwan Kramer piyambak, wujud papan panggenan ing Pintu Kêcil, Bêtawi, kala ing taun 1893.

Kêbon karèt enggal. Miturut wartos ing sacêlakipun Palembang badhe kawontênakên kêbon karèt enggal, ingkang katindakakên dening têtiyangipun ingkang manggèn ingriku. Wiwit babad dumuginipun dados kêbon karèt dipun tandangi ing têtiyang saking tanah Jawi. Tumindaking paboyongan kawiwitan wontên ing taun 1938. Têtiyang ingkang sami anggarap wau kajawi anggarap kêbon karèt, ugi nyambi anggarap kêbonipun piyambak ingkang kasadhiyakakên.

Ndhatêngakên wos saking sajawining praja. Jalaran saking lêpating panenan ing Paresidenan Bojonêgoro, Madiun tuwin Kêdiri, lajêng andhatêngakên wos saking nagari ingkang tapêl watês, kados ta saking Surabaya tuwin Sêmarang. Ingkang makatên punika ugi pêrlu andhatêngakên wos saking tanah ngamanca kanthi watêsan sapêrlunipun.

Darma saking Bond van Gepensioneerde Inh. Militairen. Nyarêngi dhawahing dintên Lêbaran tuwin Kerstmis, Bond van Gepensioneerde Inh. Militairen ngêdalakên arta f 9600.-, kangge andêrmani dhatêng para warandhaning militèr ingkang botên angsal arta pitulungan saking nagari. Sabên tiyang angsal f 3.-

NAGARI WALANDI.

Vice-admiraal ing tanah India. Miturut wartos, kawrat kêkancingan dalêm nata, Schout-bij-Nacht H. Ferwerda wiwit benjing tanggal 1 Januari ngajêng punika katêtêpakên dados vice-admiraal, dene ingkang dados Schout-bij-Nachit Tuwan J.Th. Fuestner, chef marine staf ing nagari Walandi.

Gêrah dalêm Prins Bernhard saya sênggang. Miturut wartos ing bab gêrah dalêm Prins Bernhard ingkang jalaran kasangsaran nitih auto, sapunika saya sênggang, sare sagêd sakeca, salira dalêm saya sêgêr. Awit saking pamriksaning doktêr, gêrah dalêm wau tumuntên sênggang.

ASIA.

Ngapuntên têtiyang ukuman. Miturut wartos, parentah ing Calcutta amaringi pangapura dhatêng têtiyang ukuman cacah 1100, lajêng kamardikakên wontên ing papan padununganipun kanthi watêsan. Saha sarèhning watêsan wau suwak, têtiyang wau dipun mardikakakên babar pisan. Karampungan punika botên tumrap dhatêng têtiyang ukuman kadurjanan ing bab pulitik ing pakunjaran Andamanen tuwin Bengalen.

AFRIKA.

Mêwahi dêdamêl. Awit saking kaparêngipun nata ing Mêsir, badhe angindhaki dêdamêl ing Mêsir, inggih punika wadya dharatan, kanthi ngawontênakên undhang-undhang enggal. Kajawi punika ugi badhe ngêdêgakên pabrik mimis.

--- 1571 ---

Wêwaosan

III Lêlampahanipun Ilya

31

Saking nglêbêt trêbêla Swatogor salajêngipun nuntên wicantên kalayan nrintih dhatêng Ilya makatên:

O, adhiku, Ilya, gèk kêpriye bakale kadadeanku. Sanadyan tak katogake kakuwatanaku, lan sanadyan anggonku andêdêl tutuping trêbêla sarana tanganku kiyi kanthi sarosaku, ewasamono aku mêksa ora bisa ambukak tutup iki. Bêcike tutup kiyi papane lolosana siji-siji, lan aku luwarana saka trêbêla iki.

Ilya nyandhak salah satunggiling papan tutup trêbêla wau, nanging sanadyan karosanipun dipun katogakên, nanging Ilya mêksa botên sagêd anglolos papan wau. Ing wusana Ilya lajêng sêsambat makatên:

Adhuh, kakang, aku rumasa ora kêconggah nglolos papan iki. Dadi aku ora bisa ngluwari kakang.

Swatotor:Swatogor. yèn mêngkono, nyandhaka pêdhangku bae, lan ênggonên mêdhang trêbêla iki sing nganti ajur.

Ilya nyandhak pêdhangipun Swatogor kanthi tangan kalih, sarta lajêng katamakakên sakiyatipun dhatêng trêbêla wau. Nanging pêdhang lajêng tumancêb ing trêbêla sakalangkung kêncêng sangêt, ngantos Ilya botên sagêd andudut malih. Sambatipun Ilya: o, kakang, pêdhangmu iki tumrape aku kabotên. Aku ora bisa ngangkat manèh.

Swatogor: o, adhiku, dhi. Aku ora maido, yèn kowe ora bisa ngangkat pêdhangku, awit pêdhang iki pancèn mung kanggo aku dhewe, mulane iya ora ana titahing Pangeran kang bisa nganggo pêdhangku iki. Nanging raimu saiki papakna ing bolongan sêla-sêlaning papan sipataning cangkêmku iki, supaya napasku bisa lumêbu ing awakmu, kang bisa anjalari kowe bisa kalêbon dayaning kêkuwatanaku.

Ilya miturut punapa pakènipun Swatogor. Sarêng lambenipun kenging hawanipun Swatogor, ing ngriku Ilya ngraos kadosdene kêkiyatanipun Swatogor pindhah dhatêng badanipun sarta angrumaosi bilih mindhak sangêt kêkiyatanipun. Ilya salajêngipun nuntên ngangkat pêdhangipun Swatogor botên patos rêkaos, saha lajêng kapêdhangakên ing tutuping trêbêla. Pamêdhangipun Ilya wau saking rosanipun, dalasan kapalipun Swatogor piyambak kemawon ngantos kagèt sarta badanipun sakojur lajêng andharêdhêg. Ewasamantên tutuping trêbêla botên barang-barang, malah papan tilasipun kenging pêdhang wau, ujug-ujug lajêng wontên wêngkunipun tosan ingkang lajêng ngêndhiti trêbêla wau. Saking adrêngipun Ilya anggènipun nêdya ngluwari Swatogor wau, Ilya botên sumêrêp dhatêng kawontênan ingkang nganèh-anèhi wau. Saking nêpsunipun, dene botên sagêd ngrisak trêbêla, anggèning piyambakipun namak-namakakên pêdhangipun tanpa kèndêl. Swaraning pêdhang ingkang kadhawahakên ing trêbêla punika ngumandhang wontên ing rêdi tuwin wana, nanging trêbêlanipun wêtah kemawon, tanpa wontên tabêtipun punapa-punapa.

Sarêng sampun karaos sayah sangêt, Ilya lajêng kèndêl anggènipun mêdhangi sarta lajêng ningali dhatêng trêbêla. Ing ngriku sawêg kemawon sumêrêp, bilih papan ingkang kataman pêdhang punika lajêng tuwuh wêngkunipun waja ingkang kadosdene ngêrut trêbêla, ingkang anjalari saya kêncêng panutupipun.

Saking salêbêting trêbêla Swatogor bêngok-bêngok makatên:

O, adhiku, dhi, rasane ing jêro kene sumpêg bangêt, jajalên anggonmu mêdhangi trêbêla kuwi ujurna, bokmanawa bisa kalakon rusak.

Ilya nyandhak pêdhangipun satriya rasêksa wau malih sarta lajêng katamakakên dhatêng trêbêla malih, nanging tabêtipun ingkang kapêdhang inggih lajêng mêdal wêngkunipun waja ingkang ngêrut trêbêla wau, nanging samangke pangêrutipun mujur, ingkang anjalari nutupipun trêbêla wau sakalangkung kêncêng. Saking nglêbêting trêbêla, sêsambatipun Swatogor angaru-ara makatên: adhuh, dhi, adhiku, plêpêkên ora bisa ambêgan. Tulungana aku. Raimu athungna manèh ing lompongan trêbêla pênêring cangkêmku iki, supaya kakuwatanku bisa tak liyêrake nyang kowe kabèh, bokmanawa kowe banjur bisa ngluwari aku.

Nanging Ilya lajêng amangsuli makatên: o, kakang, kaya kakang anêksèni dhewe, yèn daya-daya anggonku kêpengin bisa ngluwari kowe, nanging aku ora bisa nuruti kêkarêpanmu sing kèri iki. Kêkuatan sing ana ing aku saiki kiyi kaya-kaya wis nyukupi. Nanging yèn kêkuatanmu kowènèhake kabèh nyang aku, aku samar yèn kaananku banjur kaya kowe kuwi, kakang, ya iku kêpêksa kudu manggon salawase ana ing gunung kramat iki, sarta manèh ingkang kawasa ora marêngake mudhun ana ing praja Ruslan manèh. Anggonku pinaringan kakuwatan, iki supaya aku bisa anjaga nagaraku marang mungsuh kang nêdya ngrusak prajaku, utawa supaya aku bisa angayomi kabèh para golongan ringkih aja nganti disia-sia utawa disawiyah-wiyah marang golongan [golonga...]

--- 1572 ---

[...n] kang ambêg siya. Lan anggonku pinaringan kêkuwatan dening ingkang kuwasa samene iki ora dhinawuhan tapa ana ing gunung kramat kene iki.

Swatogor lajêng awicantên makatên:

O, anggonmu ora mituruti apa pakonku iki, sanyatane pancèn iya bênêr bangêt dhi, awit yèn ambêganku iki tak sêmprotake nyang kowe kabèh, ora wurung kowe mêsthi tumêka ing pati. Kang iku, dhi, kèria slamêt bae, bokmanawa pancèn wis takdiring Pangeran, yèn kudu mangkene iki patiku. Pêdhangku iki ênggonên salawas-lawase, awit ing saindênging jagad iki ora ana pêdhang kang kaya mangkono, mung wêlingku, jaranku tinggalên ana ing kene, sabab ora ana titahing Pangeran kang bisa nunggangi jaranku kiyi. Kajaba saka iku, kaya wis mathuk, saupama jaran iki mati barêng-barêng karo bêndarane. Mulane panjalukku nyang kowe, jaranku cancangên ana ing trêbêla.

Sasampunipun cariyos makatên wau, luhipun Swatogor lajêng daleweran tanpa wontên kèndêlipun, ing wusana nyêdhakêpakên tanganipun saha lajêng ngajal.

Ilya lajêng jèngkèng wontên sangajêngipun trêbêla, nênuwun dhatêng Ingkang Murbèng Kuwasa supados arwahipun Swatogor wau sagêda pinaringan rohmat, saha lajêng nêdya kesah saking ngriku. Nanging sadèrèngipun budhal, Ilya nancang kapalipun Swatogor rumiyin wontên ing trêbêla ngriku, wusana lajêng nyengklak kapalipun, sumêdya wangsul dhatêng Kiyèp, prêlu anglapurakên dhatêng Prabu Wladhimir kawontênanipun ingkang mêntas dipun lampahi wau.

5. Pêrangipun Ilya kalihan Idholice.

Sasampunipun Ilya angsal tilaran saking Swatogor, inggih punika kêkiyatanipun tuwin pêdhangipun, piyambakipun lajêng têtêp kaangkat dados pangagêngipun para prajurit ing saindênging nagari Ruslan, saha kajibah nanggulangi sawarninipun mêngsah, inggih mêngsah ingkang saking sajawining praja, punapadene mêngsah ingkang wontên salêbêting praja, ingkang gadhah sêdya badhe ngrisak katêntrêmaning nagari. Mênggah mêngsah ing salêbêting praja, Ilya sampun wiwit anandhingi, inggih punika kalanipun badhe sowan Prabu Wladhimir ingkang kapisanan, wontên ing margi antawisipun Narasaro dhatêng Kiyèp, sampun sagêd anumpês golongan begal ingkang kawujudakên dening Solowe. Nanging ing samangke Ilya kawajibakên ngawonakên mêngsahing nagari ingkang sakalangkung angèl sangêt, inggih punika icaling têtiyang ingkang sami nyêmbah brahala, mênggah sanyatanipun Prabu Wladhimir sampun ngawisi, ewasamantên mêksa taksih kathah têtiyang ingkang kanthi sidhêman ngrasuk agami makatên wau, malah ing sêmu saya dangu botên saya suda, malah saya ngômbra-ômbra, ngantos botên watawis dangu malih, manawi botên tumuntên lajêng dipun tanggulangi, sagêd ugi adamêl kapitunaning praja.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih satriya ingkang anama Alyasa ugi sampun nyobi angicalakên agami nyêmbah brahala wau, nanging sanadyan ing pambudidayanipun wau, Alyasa ngatingalakên kêkêndêlan lan kaprawiranipun ingkang tanpa upami, ewasamantên agami brahala botên lajêng musna, nanging danguning dangu malah saya ngrêbda. Ing wusana sajakipun ing praja Ruslan badhe saya kathah têtiyang ingkang sami nyêmbah brahala, malah ing sêmu badhe agêng panguwasanipun wontên ing saindênging nagari, rahayunipun dene ing kala punika Ilya lajêng wangsul wontên ing Kiyèp malih, ingkang sanalika lajêng amiwiti mêrangi agami wau, ingkang wusananipun sayêktos sagêd angawonakên.

Pambudidayanipun agami Kristên anggènipunnicalianggènipun ngicali. agami nyêmbah brahala wau, ing dêdongengan Rus dipun gambarakên pêrangipun Ilya amêngsah Idholice kalihan wadyabalanipun ingkang ambêk rêsah. Mênggahing Idholice punika kintên-kintên gambaranipun luruh ing dewa ingkang dados sêsêmbahanipun têtiyang bôngsa Rus ingkang sami nyêmbah brahala wau. Dene ingkang dipun wastani wadyabala ingkang ambêk rêsah wau, inggih punika para dewa sanès-sanèsipun. Awit nalikanipun bôngsa Rus taksih nyêmbah brahala, punika dewa sêsêmbahanipun kathah tuwin warni-warni, kados ta: dewaning têtanèn, dipun namèni Jupalo, dewaning pangupakara kewan: Popos, dewaning angin: Sêtribol, dewaning katrêsnan tuwin dewaning tiyang gêgriya ingkang sae: Ladho, dewaning katêntrêman: Kolyadhah lan sasaminipun. Dewa sadaya wau ing praja Ruslan kala jaman samantên dipun wujudakên mawi rêca. Dene rêca-rêca wau murih sagêdipun dipun ajrihi lan dipun aji-aji yêktos dening para kawulanipun, kawujudakên ingkang ngajrih-ajrihi sangêt. Inggih punika: dipun damêl agêng-agêng sangêt, mawi sirah pintên-pintên, lan warninipun kadamêl anggêgirisi sangêt. Kados ta lurahing para dewa, ingkang dipun namakakên: Perun, punika badanipun ingkang kadamêl kajêng mawi kaukir-ukir, sukunipun tosan, êndhasipun salaka, lan brêngosipun mas, tanganipun anyêpêngi gêlap, ingkang pating pêncorong lan pating pêncorot, jalaran rinêngga-rêngga ing sêsotya warni-warni. Badhe kasambêtan.

--- 185 ---

Nomêr 48, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Pamulangan lan Lare Èstri

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 96

Amargi saking gadhah kapintêran lajêng gumunggung, nyapèlèkakên dhatêng tiyang sêpuh, kirang miturut dhatêng rèh prentahipun, botên purun anglampahi padamêlan kasar, upami: nyapu, masuhi, sapanunggilanipun. Enjing sontên kajêngipun namung badhe wêdhak pupur ngadi busana kemawon. Amargi saking sagêd nyêrat gampil nindakakên padamêlan ingkang kirang patut, upami: kintun-kintunan sêrat kalihan lare jalêr, sapanunggilanipun.

Tiyang ingkang mangrêtos tamtu botên cocog kalihan pamanggih kalih warni kados ingkang kapratelakakên ing nginggil punika, inggih nglêpatakên sangêt dhatêng têtiyang sêpuh ingkang sami botên mrêlokakên anak-anakipun èstri supados sami sêkolah, awit lajêng nama nglirwakakên ayahan, botên anglênggahi kuwajiban sêsanggènipun. Pancèn inggih wontên lare èstri ingkang lajêng isin nindakakên padamêlan kasar amargi rumaos dados lare sêkolahan, lan inggih wontên ugi ingkang awit sagêd nyêrat lajêng nindakakên pandamêl ingkang kirang patut.

Nanging kula sami mangrêtos, wontênipun lêlampahan-lêlampahan ingkang kirang prayogi wau, rak botên margi saking panggèndèngipun panggulawênthah ingkang tinampèn wontên ing pamulangan. Panggulawênthah ingkang ginêlarakên wontên ing pamulangan botên pisan-pisan nênuntun supados para lare sami kêsèt, malah kosokwangsulipun: ngatag supados sami srêgêp nyambut damêl, sanajan padamêlan kasar inggih kêdah dipun lampahi kanthi sênênging manah lan tabêri. Inggih botên pisan-pisan nênuntun supados kasagêdanipun kaanggea nindakakên pandamêl maksiyat ingkang ngrêrisak kasusilaning gêsang, nanging malah nênuntun supados kasagêdan wau kaanggea pirantos murih utamining gêsangipun.

Sêsanggènipun tiyang èstri kathah tur sarwa ruwêt, murih botên kêroncèn kula badhe mêndhêt tuladha satunggal kemawon, inggih punika: ngwontênakên têdha kangge brayatipun.

--- [186] ---

Manawi badhe ngwontênakên têdha, ingkang tamtu tiyang èstri blônja rumiyin, numbasi punapa-punapa ingkang sakintên prêlu, kanthi namtokakên rêrêgènipun pisan. Padamêlan punika cêtha sangêt dede padamêlan ingkang gampil, tôndha yêktinipun: botên kirang tiyang èstri ing sawangsulipun saking pêkên ngraos pêgêl ing manah, jalaran kasupèn botên tumbas punika utawi punika, ingkang pancènipun makatên prêlu sangêt. Trêkadhang pêgêl jalaran anggènipun tumbas, nglangkungi saking rancanganipun nalika taksih wontên ing griya, sêdyanipun namung badhe tumbas 3 sèn, nanging amargi saking kasupên lajêng têtumbas 5 sèn.

Kasupèn utawi klintu, sampun dados watêkipun sadaya tiyang, nanging sanajan makatêna cacad-cacad punika kanthi gampil kenging dipun singkirakên, patrapipun sarana dipun pèngêti. Damêl pèngêtan ingkang titi, botên angèl janji sagêd nyêrat.

Trêkadhang tiyang èstri inggih kapêksa kintun wartos punapa-punapa dhatêng sanak sadhèrèkipun ingkang têbih-têbih. Kadospundi tumindakipun manawi botên sagêd nyêrat piyambak. Badhe kasambêtan.

Murtini.

Cathêtan Olèh-olèh Prasaja

Kalêbêt rêrangkènipun lawuh dhahar, kajawi lalaban, punika limrahipun mawi jangan, tuwin sambêl ulêg. Rêrangkèn wau sok kalarasakên kalihan wêkdalipun, upami dhahar ing wanci siyang utawi môngsa bêntèr, janganipun ingkang bêning-bêningan, manawi dhahar dalu utawi ing môngsa asrêp, janganipun ingkang kênthêl-kênthêlan, makatên sasaminipun. Lan malih sambêlipun ugi kacundhukakên akalihan kawontênaning janganipun, upami kados ancêr-ancêr ing ngandhap punika.

Jangan loncom

Jangananipun: godhong bayêm, slèdri, sami karajang alit-alit, ceme kairis tinêngkêl-têngkêl. Bumbunipun: brambang, bawang, godhong salam, laos, tempe wayu sapantêsipun, sadaya sami karajang-rajang, sarêm tuwin gêndhis Jawi. Bumbu punika lajêng kacêmplungakên ing panci utawi kuwali ingkang sampun isi toya, lajêng kagodhog, sasampuning umôb, godhong janganan wau tumuntên kacêmplungakên, manawi janganan kintênkakintên. sampun êmpuk, nama sampun matêng, panci utawi kuwali lajêng kaêntas kaandhapakên.

Sambêl jenggot

Lombok abrit kalih utawi tiga iji, brambang, bawang, tempe wayu (tempe bosok) sapantêsipun, klapa parudan sacêkapipun, kawungkus ing godhong pisang kadadosakên satunggal, lajêng kakukusakên ing dang utawi liwêt, manawi sampun matêng, kaêntas saha lajêng winadhahan ing lèmpèr, dipun wêwahi sarêm kalihan gêndhis Jawi sawatawis, tumuntên kaulêg. Badhe kasambêtan.

M.

--- 187 ---

Sinjang Cakar

Sinjang cakar punika kagolong sêratan latar cêmêng ingkang kêlêm, mila tumraping para anèm botên rêmên. Nanging mênggahing wujud sarwa mantêsi, katingal prasajanipun, mungguh sangêt dipun angge ing priyantun sêpuh, sanadyan dipun anggea taksih babaran pisan, wujudipun botên ngêgètakên.

Sinjang cakar wau sanadyan wujudipun prasaja, nanging golongan dados sêratanipun tiyang ingkang sampun sagêd nyêrat, awit sêratanipun kêdah cêtha tuwin wijang.

Ingkang dipun wastani cêtha tuwin wijang wau mênggahing caking canthing tuwin isèn-isènipun. Caking canthing kêdah ajêg, awit mênggahing sinjang cakar, mèh sêratanipun sadaya kêmbar ing sogan. Dene isèn-isèn, ingkang wujut tembokan tuwin cêcêgipun, punika prêlu ingkang cêtha awijang, awit isèn-isèn wau dados rêrênggan cêtha.

Wêtahing nama, salugunipun cakar wau cakar ayam, awit pêpêthanipun mirid kados cakaring ayam, nanging lajêng kacêkak nama cakar kemawon. Makatên ugi tumraping sinjang, punika namanipun dipun antukakên ingkang mawa kajêng. Upaminipun kados sinjang cakar wau, supados ingkang ngangge sagêda cêcèkèr, kajênging cêcèkèr punika sagêd pados têdha. Pikajêngan makatên wau sampun nama dados têmbung limrah, ingkang raosipun namung kados parikan kemawon, nanging lèrèg dhatêng pamuji. Upaminipun lare nêdha ulam ayam, punika manawi nêdha cakar, tiyang sêpuhipun mungêl: bèn bisa cèkèr-cèkèr. Manawi nêdha êndhas: bèn bisa cucuk-cucuk. Manawi nêdha suwiwi: bèn bisa kêkêbêt. Wosipun sadaya wau dados pamuji sae.

[Grafik]

Dene sinjang cakar wau tumrap tata kêlimrahan Jawi, dados anggèn-anggèning tiyang gadhah damêl mantu, jalêr èstri. Mênggah kajêngipun inggih sairib kemawon, sarèhning tiyang gadhah damêl punika andhatêngakên sanak sadhèrèk kathah, sagêda ingkang sami dhatêng wau kumrutug kados pêpindhaning kuthuk dipun undang ing biyungipun ingkang nuju cèkèr-cèkèr.

Saening sinjang cakar punika manawi wêdêlanipun sêpuh, ing ngriku lajêng katingal ngalelanipun.

--- [188] ---

Bab Sêkar

Botên beda kados ing pundi-pundi, ing tanah Jawi ngriki, sêkar punika inggih dipun aji-aji sangêt. Mênggah sêkar punika peranganing tanêman ingkang sae piyambak. Kathah têtuwuhan ingkang dipun tanêm prêlu kapêndhêt sêkaripun kemawon. Dene ingkang rêmên sêkar punika tiyang èstri. Sêkar punika warni-warni kanggenipun. Tumrapipun têtiyang Jawi manawi nanêm sêkar-sêkaran ingkang dipun rêmêni gandanipun, mênggah warni utawi ulêsing sêkar botên patos dipun wigatosakên. Pamanggih ingkang kados makatên punika gèsèh kalihan pamanggihipun tiyang èstri bôngsa Eropah. Tumrapipun bôngsa kilenan ingkang dipun rêmêni inggih ulês, inggih gônda. Malah kathah sêsêkaran ingkang dipun tanêm namung dipun angge pajangan, jalaran sae ulêsipun.

Sêkar ingkang dipun rêmêni tiyang Jawi inggih punika sêkar mêlathi, gambir, kênanga, kanthil, rêgulo lan sanès-sanèsipun ingkang anggônda wangi. Sêkar wau dipun angge ing gêlung, dipun lêbêtakên ing rajut utawi kangge cundhuk.

Miturut tatanan jaman kina, sabên malêm Jumuwah lan malêm Anggara Kasih, tiyang èstri punika sêsaji sêkar ing sabên panggenan ing griya, kados ta cakêt lawang, ing pajupat (pojok griya sakawan) ing kobongan, lan ing pasarean. Lan sêkar sataman dipun dèkèk ing bokor mawi toya dipun sandhingakên ing padupan.

NanawiManawi. pinuju wontên pangantèn, ing griya kados dipun soki sêkar, gêlaran palênggahan, sênthong pangantèn sami dipun sêbari sêkar murih asri lan wangi. Makatên ugi toya pasiraman inggih dipun cêmplungi sêkar sêtaman. Pacakaning pangantèn jalêr èstri inggih rinêngga-rêngga sêkar.

Lare èstri ingkang taksih lêgan, botên caranipun cundhuk sêkar, nanging manawi dados pangantèn, lare èstri dipun cundhuki sêkar wangi. Punika mratandhakakên yèn sampun anglênggahi kalênggahan enggal.

Sêkar punika inggih kangge ngiring layon, dene ingkang kangge sêkar kênanga, sêmboja, kanthil.

Tiyang nyêkar dhatêng pasarean punika minôngka sêsaji mêmuji dhatêng lêluhuripun.

Sêkar punika kathah ingkang warninipun sae lan arum gandanipun. Mila asring kangge paribasan: putri endah warninipun, dipun sêbut kusumaning ayu. Turunan ratu dipun sêbut: trahing kusuma.

Kacariyos, Sri Bathara Krêsna punika ngagêm cundhuk sêkar wijayakusuma, ingkang dayanipun sagêd anggêsangakên tiyang pêjah. Amila sêkar punika kenging dipun upamèkakên sambêtaning gêsang. Awit wontênipun woh lan wiji enggal, jalaran saking wontênipun sêkar.

Tiyang manawi nglairakên raos sae lajêng damêl kidung, punapa ingkang dipun sêrat mawi kasêkarakên. Kados kacariyos ing dongèng, manawi wontên satriya linangkung unggul ing ayuda sagêd nêlukakên bêbudèning tiyang ingkang asor, lajêng kêjawahan sêkar mawarni-warni.

Manawi dipun taliti lan dipun padosi, kados taksih panjang lan kathah malih aluranipun mênggah panganggêping tiyang Jawi dhatêng sêkar, nanging samantên kemawon bokmanawi sampun cêkap.

Siti Mariyam.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Babad Giyanti

Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen.v.K.en W.

Sarisakipun karaton Kartasura ingkang jumênêng nata Sinuhun Pakubuwana II lajêng yasa karaton enggal ing dhusun Sala. Nagari kasantunan nama Surakarta Adiningrat. Sang nata dèrèng dangu anggènipun ngadhaton ing Surakarta lajêng pasulayan kalihan ingkang rayi Pangeran Mangkubumi. Wusana anjalari pêrang ngantos pintên-pintên taun, inggih punika pêrangipun wadyabala Surakarta kabiyantu prajurit Kumpêni mêngsah kalihan para prajurit ingkang sami ngrencangi Pangeran Mangkubumi. Pêrangipun gêntos unggul lan gêntos kalindhih, sarta kanthi ngolah-ngalih panggenan. Dangu botên wontên ingkang mênang tuwin ngawon, pungkasanipun ingkang sami mêmêngsahan lajêng bêdhamèn. Miturut bêdhamèn wau nagari kapalih dados kalih bagean. Ingkang sabagean inggih punika nagari Surakarta dados kagunganipun nata ing Surakarta Sinuhun Pakubuwana III, ingkang anggêntosi ingkang rama nalika taksih wontên pêrang, amargi ingkang rama Sinuhun Pakubuwana II seda nalika taksih wontên pêrang wau. Dene ingkang sabagean malih inggih punika nagari Ngayogyakarta dados kagunganipun Pangeran Mangkubumi ingkang lajêng madêg nata jêjuluk Sultan Hamêngkubuwana.

Sanajan botên kapratelakakên, para maos têmtunipun sampun sami priksa, bilih babad Surakarta ingkang katêlah dipun wastani Babad Giyanti punika pantês sarta inggih sampun samêsthinipun dados waosanipun tiyang Jawi. Botên namung tiyang Jawi ing nagari Surakarta lan ing Ngayogyakarta kemawon, nanging para tiyang Jawi ing laladan sanès-sanèsipun inggih prêlu maos babad wau. Awit punika atêgês kangge nyumêrêpi lan ngèngêt-èngêt babading tanahipun piyambak lan atêgês kangge nyumêrêpi lêlampahanipun para lêluhur Jawi ingkang sami tumut andon yuda nglabêti sinuhun ing Surakarta utawi Pangeran Mangkubumi kasêbut ing nginggil wau. Amargi pêpêrangan ingkang kacariyosakên ing babad Giyanti punika jêmbar têbanipun, botên namung ing salêbêtipun laladan nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon, nanging ngloncok dumugi laladan sakiwatêngênipun nagari kalih wau, sarta ingkang sami tumut andon jurit ugi botên ngêmungakên tiyang ing nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon.

Kajawi punika, babad Giyanti punika ugi andongèngi, liripun nyariyosakên pêpêrangan, lêlampahan, lan kawontênan warni-warni, ingkang pantês dipun waos kangge nyênêngakên manah. Jalaran ingkang andhapuk pujôngga agêng ingkang sampun misuwur, inggih punika suwargi Tumênggung Yasadipura, ing Surakarta. Basa tuwin othak-athiking cariyos runtut lan sarwa nêngsêmakên.

Babad Giyanti ingkang kawêdalakên dhatêng Bale Pustaka punika ngantos satamatipun, sarta murih ènthèngipun ingkang sami mundhut, kawêdalakên dados pintên-pintên jilid. Samangke sampun kenging wêling ingkang jilid: 1 -7, a f 0.50.

--- [0] ---

Ôngka 99, Stu Kli, 8 Sawal Ehe 1868, 11 Dhesèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm : tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor Palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun : Pangungsêt, - Nusa Kambangan, - Dhialèkipun tiyang Pathi, - Pagêblug sakit ingkang nular, - Wara-wara, - Sajarah dhatêng pasareanipun Kyai Agêng Ngliman (Liman), - Gambar wontên ing kaca, tuwin pratikêlipun, - Kabar Warni-warni, - Wêwaosan, - Taman Bocah.

Pangungsêt

Indhaking kabatosan

Ingkang dipun kajêngakên indhaking kabatosan ing ngriki, sanès indhaking mulukipun kawruh, awit mênggahing kawruh ingkang limrahipun dipun wastani ngèlmi kabatosan, têtêp anggènipun luhur tuwin sampurna, dados pinanggih têtêp kemawon.

Indhaking kabatosan, punika manawi badhe dipun wawas, mathukipun kêdah mêndhêt dhêdhasar ngèlmu tuwin laku, amargi botên wontên ngèlmu ingkang dados manawi tanpa laku, makatên ugi kosokwangsulipun, botên wontên laku ingkang botên angrabuki dhatêng ngèlmu. Nanging ugi wontên ucap-ucapan, ngèlmu tanpa laku, laku tanpa ngèlmu, namung manawi dipun manah, ngèlmu tanpa laku tuwin laku tanpa ngèlmu punika atêgês botên wontên punapa-punapanipun, sami kemawon kalihan botên anggadhahi punapa-punapa. Wontên pamarêmipun sakêdhik, tiyang sugih ngèlmu tuwin ahli laku, punika adhakan angsal pangalêmbananing liyan. Ingkang angsal pangalêm inggih sampun marêm.

Môngka manawi ngèngêti tiyang kanggenan ngèlmu, punika pinanggih warni kalih, inggih punika ahli ngèlmu tuwin pangawak ngèlmu. Gêgambaranipun makatên :

Tiyang ahli ngèlmu sumêrêp dhatêng pathokan lêrês lêpat, upaminipun: tiyang gadhah pakarêman punika awon, pakarêman makatên warni-warni, kados ta dhatêng têtêdhan, dhatêng kasênêngan, dhatêng ngraosi awon dhatêng liyan tuwin sanès-sanèsipun. Punika tumrap para ahli ngèlmu taksih purun narajang, amargi sumêrêp watês-watêsipun, upami gadhah pakarêman, lajêng sagêd nipisakên, upami nyantên awon, nganggêp manawi ingkang dipun cantên punika awonipun, sadaya mawi waton, sanadyan ing wingking kalajêng dados kandêl malih, inggih dipun tipisakên, punika nama ahli dhatêng ngèlmu.

Dene tumrap tiyang ingkang pangawak ngèlmu, punika ingkang nama sampun anglênggahi dhatêng ngèlmunipun, manawi sampun sumêrêp dados awisan, prêlunipun dipun trajang punapa, awit unggul-ungguling drajatipun tiyang rêmên nyantên awon dhatêng tiyang, nanadyansanadyan. mawi wêwaton, taksih luhur ingkang botên nyantên.

Sadaya wau taksih grobohan, awit babagan ngèlmu punika tansah minggah-minggah, nanging manawi ngèngêti andharan wau, sanadyan botên damêl pamarêm, ugi sampun dados sela pangleleran.

Cêkruktruna.

--- 1574 ---

Nusa Kambangan

Ing sakidulipun Cilacap, wontên pulo ingkang wujudipun kadosdene dados aling-alinging nagari, mila sanadyan Cilacap punika nagari ngongkang sagantên, nanging botên kêtênggêl ing angin tuwin katêmpuh ing agênging ombakipun sagantên kidul. Pulo wau nama Nusa Kambangan, ingkang têgêsipun pulo kumambang. Mirid namaning pulo wau, inggih mèmpêr saupami dipun wastanana makatên, amargi prênahing pulo wau cakêt kalihan pulo Jawi, ingkang sakalangkung agêng. Nanging wantunipun cêlak sagantên agêng, manawi dalu suwaraning ombak kamirêngan kumrasak tanpa kêndhat, sagêd adamêl gawokipun tiyang ingkang nêmbe mirêng.

[Grafik]

Wêkasaning Nusa Kambangan ing sisih wetan, katingal lowah kadosdene dados lawanging palabuhan ing Cilacap. Ing sajawining pongol punika katingal têbaning sagantên ingkang ngêlangut tanpa têpi. Kaprênah pongoling pulo iring lèr wetan, wontên rêdinipun alit nama Cimiring, ing rêdi wau dipun êdêgi manara dilah kangge ancêr-ancêripun lampah layaran, wujudipun angegla, pantês saupami kapindhakna ngawe-awe têdah margi. Ragi kaprênah kilènipun sakêdhik, wontên panggenan nama Karangbolong (sanès Karangbolong Kêbumèn), ing ngriku kathah pêksinipun sandawa ingkang nusuh wontên ing curi-curi ingkang ngongkang sagantên, susuh wau kenging dipun alap tuwin dados padagangan agêng.

Ujuring Nusa Kambangan punika mangilèn, wêkasanipun kilèn sampun tapêl watês kalihan tanah Pasundhan. Inggih punika ing Pangandharan, saking Pangandharan ngriku wontên marginipun sêpur dhatêng Banjar nglangkungi Kali Pucang, malah namaning margi sêpur wau karan Banjar - Kali Pucang.

Mirid kawontênan punika, ing ngriku ugi wontên sêsambêtaning lampah mêdal saking Cilacap dhatêng Kali Pucang, malah ugi kapetang lampah layaran ingkang lumintu.

Ing kala taksih rêja-rêjaning jaman, palabuhan ing Cilacap punika kapetang agêng, amargi papanipun sakeca, labuhing kapal sagêd mèpèt, sagantênipun antêng, sagêd gathuk kalihan margi sêpur. Saupami kasêmbadana, palabuhan Cilacap badhe dados agêng yêktos, nanging jalaran dipun sulayani ing jaman, palabuhanipun kenging dipun wastani mèh pêjah. Ing sapunika bribik-bribik palabuhan [pa...]

--- 1575 ---

[...labuhan] ing Cilacap wiwit gêsang malih, sagêd ugi badhe kalampahan dados agêng kados pangajêng-ajêngipun ing ngajêng.

Miturut cêcariyosan, Nusa Kambangan punika sampun dados ucap wiwit kala ing jaman purwa, inggih punika kala icaling Sêkar Wijayakusuma ingkang dipun bucal dening nata ing Dwarawati, dhawah wontên ing Nusa Kambangan, lajêng gêsang tuwuh wontên ing pulo ngriku, ing salajêngipun dados babad ingkang gêgayutan kalihan nata ingkang jumênêng ing tanah Jawi.

Sasampunipun punika kocap wontên ing cêcariyosan jaman madya, inggih punika jamanipun Prabu Aji Pamasa nata ing Pêngging Witaradya, ing Nusa Kambangan ngriku wontên ingkang jumênêng nata pandhita, nama Rêsi Kano, raja pandhita wau mêngsahan kalihan nata ing Witawadya,Witaradya. wêkasanipun kasoran.

Ingkang kacariyos ing Sêrat Kamandaka, kala ing jaman Pajajaran, ing Nusa Kambangan wontên ingkang madêg adipati, nama Pulebahas. Adipati ing Nusa Kambangan wau kasmaran putrinipun adipati ing Pasir Luhur, ing sapunika bawah Purwakêrta. Ingkang wuragil, nama Dèwi Ciptarasa. Adipati Nusa Kambangan lajêng nglamar dhatêng Pasir Luhur.

Adipati Pasir Luhur lajêng naros putra sang dèwi, Dèwi Ciptarasa sakalangkung lumuh, botên nêdya krama. Nanging ugi lajêng miturut awit saking pakèning lutung ingah-ingahanipun sang dèwi, ingkang sajatosipun malihanipun Radèn Kamandaka, sarana gadhah panuwun patah putri kawan dasa, lawon sèwu kodhi, tuwin panggihing pangantèn wontên margi.

Panyuwunipun Dèwi Ciptarasa dipun sanggêmi dening adipati ing Nusa Kambangan, saha kalampahan sagêd pêpanggihan wontên ing margi. Ing ngriku Adipati Pulebahas sumêrêp sang putri tansah nganthi kêkasihipun lutung, ing sêmu Adipati Pulebahas botên rêna. Sarêng Adipati Pulebahas badhe mondhong sang putri lajêng dipun kêrêg dening lutung, dados pêrang, wusana Adipati Pulebahas dumugi ing tiwas.

[Grafik]

Ing ngriku anjalari dukanipun Adipati Pasir Luhur, lutung badhe dipun pêjahi, wusana sang putri sajarwa bilih punika sajatosipun Radèn Kamandaka, putra nata Pajajaran, malah lajêng kadhaupakên.

Sêrat Kamandaka punika kawêdalakên dening Bale Pustaka, cariyosipun langkung nêngsêmakên, wontên tigang jilid, sajilid rêgi f 0.30.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 1576 ---

Kawruh Sawatawis

Dhialèkipun Tiyang Pathi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 98

S. Arêp mulih : P. Arêp goyang

S. Anjupuk cangkir : P. Anjupuk cingkir

S. Ditukokake sêga : P. Ditukokna sêga

S. Aku tukokna sêga : P. Aku tukokake sêga

S. Kula badhe adus. : P. Kula badhe siram.

S. Nuntun kapal. : P. Nuntun kuda.

S. Anak ayam nama kuthuk. : P. Lare ayam nama kuthuk

S. Kula punika anakipun Pak Pawira : P. Kula punika larenipun Pak Pawira

S. Punggawa desa. : P. Sarekat.

S. Lagi nyambut gawe. : P. Lagi mêrgawe.

S. Ayo wedangan. : P. Ayo medang.

S. Jajan sate. : P. Anjajan sate.

S. Sampirna ing rana. : P. Sampirake ing sêkèsêl.

S. Botên limrah. : P. Botên limprah.

S. Badhe mlampah-mlampah. : P. Badhe mamplah-mamplah.

S. Dinuduk (calik) : P. Dibajag.

S. Kowe apa bisa. : P. Kowe bisa, ah.

S. Kêcêgur sagara. : P. Kêcêgur mênyang ênggone sagara.

S. Ana Surabaya. : P. Mênyang ênggone Surabaya.

S. Sidin durung têtak. : P. Sidin durung sunat.

S. Wêngku sabak. : P. Bênthung sabak.

S. Aras-arasên. : P. Kêrasa-rasa.

S. Ing buri omah. : P. Lurung.

S. Aja liwat ing jêblogan. : P. Aja liwat ing pênthongan.

S. Sadasa bêngkak. : P. Wilah sabêngkêk.

S. Amburu maling. : P. Anggudag maling.

S. Mung dikêthoki bae. : P. Mung dikêthoki sarasan.

S. Mung sêga thok. : P. Mung sêga sarasan.

S. Wadhah kinang. : P. Kothak.

S. Anggantèn. : P. Mucang.

S. Ngeyub. : P. Ngaub.

S. Klambi potong Cina. : P. Jowak.

S. Gêndhon : P. Gêndhu.

S. Dèrèng sumêrêp. : P. Dèrèng ninga.

S. Rak ya ngono ta. : P. Rak ya ngono ah.

S. Ayo ta. : P. Ayo èh.

S. Êndhog cêcak. : P. Êndhog cêcêk.

S. Têkèk muni. : P. Têkêk muni.

S. Jupuk. : P. Thil.

S. Jupukên : P. Thilah.

S. Jupukên ta jupukên : P. Thilah thil

--- 1577 ---

[Grafik]

S. Gêlêm apa ora. : P. Gêlêm tah ora.

S. Mreneya, ta. : P. Mrene, ga.

S. Panjênêngane lurah. : P. Lêm lurah.

S. Cênggèrèng. : P. Rêmpèyèk.

S. Gêmbukan. : P. Golang-galing.

S. Wis wayahe ngrêmbang. : P. Wis wayahe nêbang.

S. Kumênthus (gumêdhe) : P. Mêndele.

S. Tuku rèk. : P. Tuku rèt.

Sapunika para maos manawi mirêng tiyang ginêman kados ing ngandhap punika mêsthi ngrêtos kajêngipun:

Aku ora ngalong cik lah, mung arêp buwuh sarasan, awakku lagi kêrasa-rasa.

Niki karase sintên, têka cèngèhe bêrah têmên, lah niku èntên pêthête barang, sing sêta sintên.

Dhèk aku arêp goyang, mênyang ênggone dalan kêtudhuk wong nyangking dhunak sarasan, barêng dak êlokna mlayu, darungan dak gudak, kêcandhak mênyang ênggone pênthongan wetan ika.

Dumugi samantên katrangan kula, mugi sagêda dados wêwahing sêsêrêpan.

Darma Cahyana.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka.

Benjing-enjing dintên Ngahad sontên tanggal 12 Dhesèmbêr 1937, wanci jam ½ 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Kesusastraan. Ingkang mêdhar sabda tuwan St. Takdir Alisjahbana.

--- 1578 ---

Bab Kasarasan

Pagêblug sêsakit ingkang nular

Sambêtipun Kajawèn nomêr 98

Sêsakit cacar punika nularipun saking tiyang ingkang sakit dhatêng lare utawi dhatêng tiyang ingkang saras gêpokan rêrêgêdipun tiyang ingkang sakit utawi mayitipun tiyang ingkang pêjah jalaran sakit cacar wau.

Tiyang saras manggèn ing sênthong utawi patilêmanipun tiyang ingkang sakit cacar, sasampunipun kêtularan tiyang wau ing salêbêtipun 9-14 dintên dèrèng katingal sêsakitipun, nanging yèn sampun ngancik 10-15 dintên sêsakitipun nêmbe thukul. Upami tiyang ingkang katularan sêsakit cacar wau ing salêbêtipun 7-8 dintên kêkesahan, wasana ing sanès dintên wontên ing purug sêsakitipun thukul, punika inggih lajêng dados winih (bibit) sêsakit cacar, têtiyang ing ngriku sagêd katularan saha sagêd nukulakên pagêblug sêsakit cacar.

Dabagên, thukulipun kadosdene cacar sarta panularipun sagêd ugi saking rêrêgêdipun ingkang sakit ingkang mêdal saking cangkêm utawi irung.

Sêsakit influenza thukulipun jalaran saking hawa ingkang sampun ngandhut wisanipun influenza, nanging ingkang limrah inggih saking gêpokan utawi sêsrawunganipun tiyang saras kalihan ingkang sakit.

Milanipun ing taun 1918-1919 mèh radin sadonya wontên pagêblug influenza awit ing wêkdal samantên ing hawa sadonya mèh radin sami ngandhut wisaning influenza.

Sêsakit t.b.c. nularipun jalaran:

1. Tiyang ingkang saras sêsrawungan kalihan tiyang ingkang sakit utawi tiyang saras nalika ambêgan kalêbêtan hawa rêgêd (blêdug) ingkang ngandhut baksil t.b.c.

2. Lan wontên ugi tiyang saras ingkang manggèn ing sênthong utawi patilêman ingkang tilas dipun ênggèni tiyang sakit t.b.c.

3. Tiyang saras ngangge wadhah têtêdhan utawi wadhah ombèn-ombèn (piring, cangkir, gêlas, sendhok, porok) ingkang rêgêd sampun katularan baksil t.b.c.

4. Tiyang sakit t.b.c. ingkang taksih ganggas kêkesahan dhatêng pundi-pundi mawi kèndêl sarta mondhok, sêsrawungan kalihan têtiyang ing ngriku, sanajan têtiyang ing ngriku dèrèng nate utawi awis sangêt sêsrawungan kalihan tiyang ingkang sakit t.b.c., tiyang ingkang sakit t.b.c. wontênipun ing panggenan ngriku dados bibit sarta sagêd nukulakên pagêblug t.b.c. ugi.

Sêsakit malaria sagêd thukul dadakan, jalaran tiyang ingkang sampun ngandhut baksil malaria, ing wêkdal badanipun kêsuh amargi saking nyambut damêl awrat, utawi kajawahan saha masuk angin utawi sabab sanès-sanèsipun, baksil malaria lajêng kadosdene dipun gugah, tiyangipun kraos sakit bêntèr (kumat).

Sarêng wanci dalu tiyang ingkang sakit wau dipun cakot lêmut malaria mawi nêdha utawi nyêrot êrahing tiyang ingkang ngandhut baksil malaria wau, samôngsa [sa...]

--- 1579 ---

[...môngsa] lêmut punika nyakot tiyang sanès ingkang saras, tiyang punika inggih lajêng sagêd katularan sêsakit malaria. Yèn ing wêkdal punika pinuju kathah lêmut malaria ingkang nyakot tiyang ing ngriku inggih lajêng kathah tiyang ingkang kataman sêsakit malaria, salajêngipun sagêd nukulakên pagêblug malaria.

[Grafik]

Kajawi makatên tiyang ingkang sampun ngandhut baksil malaria, nanging botên karaos, samôngsa pindhah utawi kesah dhatêng sanès panggenan, ugi asring sagêd kumat sarta thukul bêntèripun.

Sêsakit diphtheritis punika sêsakit ingkang ambêbayani, limrahipun ingkang katrajang lare alit ingkang taksih nêsêp, ngantos dumugi lare ingkang sampun lumêbêt ing pamulangan, malah kadhangkawis lare ingkang sampun agêng utawi diwasa utawi tiyang sêpuh sagêd ugi katularan, kataman sêsakit diphtheritis, kadosdene sêsakit dabagên kinkhoest, influenza makatên, thukulipun diphtheritis ingkang limrah ing panggenan pakêmpalanipun lare kathah, ing pamulangan, ing langgar panggenan lare-lare ngaos kitab Kuran (ngaji), samôngsa ing ngriku wontên satunggil kalih lare ingkang sakit makatên, lajêng nulari lare-lare ingkang saras.

Lare ingkang pancèn sampun katularan sêsakit wau botên dangu lajêng sakit bêntèr awotak-watuk, trêkadhang watukipun botên sapintêna utawi babarpisan botên watuk, nanging ing lak-lakan katingal abrit ambranang kanthi blêntong-blêntong pêthak, ing ngandhap [ngandha...]

--- 1580 ---

[...p] wang kiwa utawi têngên utawi kalih pisan sami mrongkol (klanjêrên) ing sadintên kalih dintên ingkang blêntong-blêntong pêthak wau wêwah ambalèbèr ngantos sagêd radin ing lak-lakan dumugi ing nglêbêt wingking irung êmblèg-êmblegan. Lare ingkang sakit wau angèl ambêganipun, sêsêg rêkaos, manawi sampun kasèp makatên punika, lare inggih botên ngukup. Trêkadhang kabujêng dening dhoktêr, gurung ing sangandhapipun kalamênjing dipun bolongi dipun lêbêti pipa, lare lajêng sagêd ambêgan sawatawis lêga, nanging lajêng sêsêg malih, awit limrahipun gurung ing sangandhapipun kalamênjing sampun kabunton êmblèg-êmblegan pêthak wau.

Manawi sawêg katawis utawi thukul sêsakitipun, dipun suntik serêm diphtherieen sapisan kaping kalih 99% mêsthi sagêd saras blas.

Upami dhoktêr ingkang anggarap tiyang ingkang sakit wau nimbang prêlu rêrêgêdipun saking lak-lakan kêdah dipun priksakakên ing Laboratorium inggih prayogi, nanging sadèrèngipun nampi kabar katêtêpan diphtherie utawi sanès saking Laboratorium, ingkang sakit kêdah dipun suntik sèrêm diphtherie rumiyin, awit manawi diphtherie wau pinuju ingkang kêras lan mandi, ambêbayani, namung jam-jaman kemawon sêsakitipun sampun sagêd majêng sangêt, manawi tanpa jampi suntikan serum, namanipun inggih kirang ihtiyar ing salêrêsipun, dados kasèp lan ambêbayani utawi aniwasi.

Upami sêsakitipun manut papriksan Laboratorium sanès diphtherie punika botên dados punapa, awit suntikan sèrêm diphtherie punika tumrap tiyang utawi lare badanipun malah sagêd kalis sêsakit diphtherie wau. Mila yèn ing satunggiling panggenan wontên pagêblug sêsakit diphtherie, prêlu lare-lare dipun suntik sèrêm diphtherie minôngka panulak utawi panyêgahipun sêsakit punika.

Kinkhoest sêsakit punika thukulipun ingkang adhakan inggih saking lare ing pamulangan, lare ingkang sakit sawatawis watukipun nulari kancanipun ingkang cakêt linggih, utawi anggènipun dolanan gêpokan lare ingkang saras lajêng sagêd sakit watuk kinkhoest punika. Lare ingkang sampun sangêt anggènipun watuk, anggigil, mripat kalih pisan mêndul abrit, samôngsa sampun nuntak têtêdhan ingkang wontên ing wadhuk (maag) katut mêdal, lajêng kèndêl, mêndha sawatawis kintên ¼ dumugi ½ jam, trêkadhang namung 10 mênit utawi ¼ jam sampun wiwit watuk anggigil malih, wêkdal kumat watukipun wau rainipun lare ingkang sakit punika katingal pucêt biru, mripat mêndul abrit, ngêdalakên êluh, mêmêlas sangêt, yèn sampun nuntak katingal lêga malih.

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

Wara-wara

Administrasi tuwin redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun dhatêng para ingkang sami kintun sêrat tuwin karcis ing dintên Ariadi.

Botên langkung namung sami puji-pinuji, sami linulusna ing sadayanipun.

Adm. tuwin Red. Kajawèn.

--- 1581 ---

Wara-wara

Gêgayutan kalihan badhe wontênipun bêbingah, kasêbut ing Wara-wara Kajawèn nomêr 90 tuwin 96, administrasi ngaturi uninga, bilih sawatawis dintên êngkas, blangko pos wisêl badhe tumuntên kakintunakên. Ingkang dipun kintuni blangko pos wisêl wau, sadaya lêngganan ingkang dèrèng nyêkapi pambayaranipun tumrap kuwartal I ing ngajêng punika. Dados ingkang botên dipun kintuni, namung para ingkang sampun lunas pambayaripun.

Kajawi saking punika, bab pangintuning blangko wau botên badhe ngangge ampêlop kados adat, nanging badhe dipun sêsêlakên ing salêbêting Kajawèn.

Murih botên adamêl kalêpatan, mugi para ingkang badhe mangsulakên bêlangko wau, kêparênga nyêrat asma, utawi nomêring lênggananipun ingkang ... cêtha sangêt.

Wasana pangajêng-ajêngipun administrasi, mugi-mugi panjênêngan sadaya sagêd angsal bêbingah ingkang èdi sarta pèni punika.

Sunglon Miami, Florida.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar sêsawêngan ing pinggir Sunglon Miami, Florida (Amerikah Sarekat), kapal-kapal ingkang kacêtha punika ingkang kathah kangge lêlayaran suka-suka. [suka-...]

--- 1582 ---

[...suka.]

Cariyos Kina

Sajarah dhatêng Pasareanipun Kyai Agêng Ngliman (Liman)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 98

Lumajêngipun Sèh Maolana Magribi, punika lajêng sowang-sowangan kalihan sêkabatipun kêkalih. Sèh Maolana Magribi lumajêng ngalèr ngetan, sêkabat kêkalih mangilèn, têrus kaoyak dening wadyabala Kêdhiri. Lampahipun sêkabat kêkalih wau anusup-nusup wana, wusana dumugi ing dhusun Tiripan lan Cêmara Sèwu, sêkabat wau ical botên kantênan. Kakintên dening wadya ingkang ngoyak sêkabat kêkalih wau kêglundhung ing jurang. Wadyabala lajêng ngunjuki wuninga dhumatêng sang prabu, bilih sêkabat kêkalih punika sampun pêjah. Sang prabu botên pitados dhatêng aturipun wadyabala, tumuntên kadhawuhan têrus madosi ngantos sagêd kacêpêng, saha paring dhawuh bilih sangandhaping rêdi Pandhan, Liman lan Wilis, supados katanêman trucuking ri kêmarung sarta randhu wana. (Dumugi sapriki wit randhu dalah ri kêmarung wau taksih wontên tilasipun).

Sarêng sêkabat kêkalih wau dumugi ing Liman, mangrêtos bilih piyambakipun dipun kêpang ing wadyabala Majapait, lajêng botên purun wangsul mandhap mangetan utawi mangalèr, nêdya têrus mangilèn botên sagêd, jalaran sakilèning rêdi jurang ingkang sakalangkung lêbêt, sakidulipun rêdi sagantên kidul. Sarêng sêkabat kêkalih wau katêlasan akal, wusana nêdya dhêdhêkah ing dhusun Liman kasêbut nginggil, sarana nglampahi tapa (pati raga). Malah cêkakaning dongèng, wontên ingkang nyariyosakên sêkabat kêkalih wau inggih punika Sunan Kalijaga kalihan Sunan Bênawa. Punika lêpat.

Mangsuli andharan ing ngajêng, sarêng wangsulipun têtiyang dumugi ing griyanipun kêplaa dhusun kasêbut nginggil, sasampunipun sami nêdha tuwuk, lajêng kapurih tilêman. Sawênèh wontên para wanita ingkang dipun purih lêlêjar panggalih dhatêng pakêbonanipun kêpala dhusun wau. Ing kêbon ngriku kathah wit-witanipun, kados ta: jêram warni-warni, nôngka, durèn, rambutan, manggis, blimbing lan sanès-sanèsipun malih.

Rèhning kala samantên kônca èstri tumut, kula lajêng tumut ngêtutakên lampahing para wanita wau, dados kula sumêrêp cêtha mênggah kawontênanipun kêbon punika. Nanging tumrapipun tiyang jalêr sanèsipun botên kakengingakên lumêbêt dhatêng pakêbonan ngriku, kuwatos bilih kêbon lajêng risak.

Sabên bibar nêdha, kêpala dhusun lajêng omong-omongan, saha nyukani sumêrêp dhatêng têtiyang sintên ingkang botên kêsayahên, kenging nêrusakên lampah dhatêng pasujarahan: Si Dhudha. Dene kawontênanipun Si Dhudha wau katranganipun kados ing ngandhap punika.

Saking dhusun Ngliman kula kalihan kônca tiyang 6 sami minggah têrus dhatêng pucaking rêdi Ngliman, urutipun rêdi Wilis, têbihipun saking dhusun Ngliman watawis 3 km. minggah dêdêl sarta mayat. Rèhning parêdèn, dados inggih susah sangêt yèn badhe ngupados margi ingkang gampil, dados ingkang sami.

--- 1583 ---

kula ambah inggih sarwa rumpil, nusup-nusup êri lan ngambah grumbulan. Saking adrênging sêdya, mêksa sami kula lampahi, wilujêng botên kirang satunggal punapa ngantos dumugi ing Si Dhudha, nanging sami sangêt ing sayahipun.

[Grafik]

Ing Si Dhudha ngriku wontên toyanipun pancuran (waterval) ingkang dhawah saking pucak rêdi lêrês, watawis 60 m. inggilipun. Toyanipun asrêp sangêt, têtingalan asri, botên anguciwani. Dhawahing toya wau dhatêng satunggiling sêndhang ingkang wiyaripun kirang langkung 40 m. Ing ngriku kadamêl pasiraman dening têtiyang ingkang sami sujarah, saking pasiraman ngriku minggah dhatêng tuking toya sagêd nyumêrêpi sagantên kidul, inggih punika sagantên ing Pacitan, Popoh lan Parigi. Dados têtela sangêt bilih rêdi punika tapêl watês paresidhenan Kêdhiri lan Madiun ingkang sisih kidul wetan, sêndhang kasêbut nginggil wau dipun kubêngi patamanan ingkang sarana rinêngga ing sêsêkaran môncawarni, endahing sêsawangan botên sagêd kaandharakên ing ngriki, para maos sagêd nyatakakên mriksani piyambak. Nanging kula aturi priksa rumiyin, bilih margi saking Ngliman dhatêng Si Dhudha punika sangêt rumpilipun, minggah jurang mandhap jurang ingkang lêbêt sangêt. Kula pitados bilih para wanita botên badhe sagêd dumugi. Lampahipun botên sagêd sadintên wongsal-wangsul. Nalika samantên kula bidhal saking Ngliman jam 9 enjing dumugi Si Dhudha jam 1 siyang. Wangsul saking Si DudaDhudha. jam 3 siyang dumugi Ngliman jam 7 dalu, dados langkung rêndhêt wangsulipun, amargi kêdah ngatos-atos lampahipun, lan sakêdhap-sakêdhap amonga-mangu, prêlu ngupados margi ingkang ragi gampil.

Sanalika lampah kula sakônca dumugi ing Si Dhudha, para kônca botên purun wangsul, nêdya badhe nyipêng sadalu wontên ing ngriku, nanging kula botên purun, jalaran ajrih bab sato wana. Dados inggih sami tumut wangsul mantuk dhatêng Ngliman malih.

Ing pasiraman ngriku kula sami lesehan wontên ing gubug minôngka ngaso sawatawis, hawanipun asrêp sangêt, nêdha eca, tilêm sakeca, amila saking punika para kônca nêdya sipêng. Kula sakônca sami sangu têtêdhan cêkap, kapikul dening tiyang satunggal ngiras pitêdah margi.

Badhe kasambêtan.

R. Sumarya

--- 1584 ---

Gambar Wontên Ing Kaca, Tuwin Pratikêlipun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 94

Mangsi ingkang prayogi piyambak kangge anggambar wontên ing kaca punika: bak (Oost-Indische Inkt), sagêd mundhut ing sabên toko Tionghwa, wujudipun bak punika cêmêng anggalês, wangunipun warni-warni, wontên ingkang gilig panjang, wontên ingkang pêsagi gèpèng, satunggal lonjor rêgi 15-30 sèn.

Patrapipun:

Amundhuta cangkir, lajêng kakurêbna, prênahing lêgokan (silitipun cangkir) katètèsana toya 5-7 tètès, sasampunipun bak lajêng kagosok-gosokna, sampun kèndêl manawi lunturaning bak dèrèng katawis kênthêl.

Pèn ingkang prayogi kangge anggambar wontên ing kaca punika pèn krun (kroonpen) utawi pèn gambaran (teekenpen).

Samangke lajêng sampun sagêd miwiti anggambar.

Pola kabèbèra ing lamak, lajêng katumpangana kaca (lumahing kaca ingkang sampun kagosok mawi wêdhak wontên ing nginggil = ingkang badhe kacorèk).

Kaca lajêng kacorekan miturut pola ing ngandhapipun, mawi bak kasêtutkasêbut. ing ngajêng. Bilih ilining bak saking ing pèn botên sagêd gilig sae, punika tôndha bilih kirang kênthêlipun, inggih lajêng kagosok-gosokna malih. Manawi babarpisan botên purun mili, punika jalaran saking kêkênthêlên, prayogi lajêng kawêwahana toya 1-2 tètès malih.

Bok bilih wontên kalintunipun corekan, utawi wontên jalèmbrètipun, sampun kasêsa dipun êlap, awit manawi kasêsa dipun êlap adhakanipun malah lajêng saya rêgêd, ambibrahakên ingkang lêrês. Prayogi kakèndêlakên kemawon, ngêntosi garingipun sinambi nglajêngakên sanèsipun, bilih sampun garing lajêng kenging kakêrik mawi lading ingkang lancip, têmtu lajêng ical tur botên wontên tabêtipun.

Bilih panyorèking pola sampun rampung, kaca kapundhuta, kapriksanana ing suwalikipun, ing ngriku tamtu lajêng sagêd priksa pundi ingkang kalintu, utawi ingkang kirang sae lajêng sagêd angewahi sarana dipun kêrik kados kasêbut ing ngajêng.

Samangke lajêng sampun sagêd andhasari, inggih punika cara tiyang nyêrat (ambathik) nembok.

Ingkang kangge nembok, cèt, kenging ngagêm cèt umplungan alit-alit, ingkang rêgi 6 senan.

Mênggah pamilihing warni (kleur) ingkang kagêm dhasar punika manasuka, sakaparêngipun ingkang badhe ngagêm. Ananging ing sarèhning plat asma utawi ungêl-ungêlan punika ingkang dipun purih cêthanipun, dados sasagêd-sagêd inggih amiliha dhasar ingkang botên badhe jumbuh akalihan aksaranipun, ugi kajagia supados abêning warni sampun ngantos anjuwarèhi utawi anyakitakên dhatêng paningal.

Ingkang sae tuwin umum, dhasar cêmêng utawi biru, aksaranipun bron (brons) jêne.

--- 1585 ---

Bab angêbron

Bron ingkang mirah tur sae kagêm wontên ing kaca inggih punika bron ingkang dipun wadhahi ing dhus abrit, wêdalan Lindeteves aciri êndhasing maesa, rêgi 10 - 12½ sèn.

Ing salêbêting dhus sampun dipun kanthèni kuwas dalah lisahipun pisan.

Angabênana bubukanipun bron kalihan lisahipun, kaangkaha sampun cuwèr-cuwèr, kapara ingkang ragi kênthêl, sasampunipun kaudhêg waradin, kuwas kacêlupna, lajêng kaosèrakên ing panggenan kaca ingkang prêlu dipun êbron.

Pèngêt:: botên kenging dipun wangsuli, têgêsipun, panguwasipun sampun ngantos wongsal-wangsul, manawi dipun wangsuli ing panguwasipun, bron tamtu lajêng botên sagêd sae (gilap) malah lajêng dados cêmêng.

Bilih sampun rampung, kaca kakèndêlna kemawon, sampun dipun irang-iringakên, awit manawi dipun irang-iringakên, bron ingkang taksih têlês lajêng andèlèwèr, andadosakên awonipun.

Pèngêt: sadaya gambaran wontên ing kaca garingipun botên kenging dipun sêngkakakên sarana dipun pe, kapanggang, tuwin sanèsipun, garingipun kêdah tumindak saking kajêngipun piyambak.

Manawi sampun garing saèstu, lajêng kapasanga wontên ing pigurah kajêng, ingkang wangun sigar pênjalin, lajêng kenging kapasang.

Wontên rekadaya malih, inggih punika dipun tèmplèki mawi dêlancang grènjèng (zilverpapier) ingkang kangge buntêl sês Mascot tèh Goalpara tuwin sapanunggilanipun.

Patrapipun:

Sasampunipun dipun dhasari (dipun tembok) lan sasampunipun garing saèstu, nuntên amundhuta dêlancang grènjèng kasêbut ing ngajêng.

Grènjèng murih sagêd katingal sae, karêmêta rumiyin, lajêng dipun bèbèra malih (nanging ingkang ngatos-atos sampun ngantos suwèk), lajêng dipun tèmplèkakên ing kaca, kalêrês ing kalowonganing aksara (minôngka lintunipun bron kasêbut ing ngajêng).

Manawi pamasangipun sae, dadosipun lajêng pating krêlip amenginakên. Ing salaminipun ugi botên badhe malih.

Bilih wontên ingkang ngarsakakên mawi dipun sêkari utawi dipun lis ing pinggiranipun ugi langkung prayogi, sok ugi kaangkaha murih lêmês tuwin saenipun.

Ringgit

Panggambaring ringgit wontên ing kaca punika mênggahing bab patrap-patrapipun sami kemawon kalayan andamêl plat asma kasêbut ing ngajêng, namung kaot ragi angèl sawatawis.

Pola sasagêd-sagêd kadamêla ingkang sae tuwin ingkang cêtha, sadaya garis-garis kêdah gêsang, jêr benjing dadosipun wontên ing kaca awon saening siku gumantung wontên awon saening polanipun.

Badhe kasambêtan

R. Sutana

--- 1586 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Sêsakit rajakaya ing paresidhenan Madiun ngrêbda. Ing bawah Ngawi tuwuh sêsakit rajakaya mond en klauwzeer. Ing sapunika sêsakit wau sampun tumular dhatêng saindêngipun paresidhenan Madiun. Ingkang wajib nindakakên rêrigên sapêrlunipun.

Kalawarti Pangrewong. Ing Tasikmalaya wontên kalawarti enggal nama Pangrêwong, mêdal saminggu sapisan, dipun pandhegani dening tuwan J. Tan kanthi redacteur sanès-sanèsipun. Basanipun kalawarti wau Sunda tuwin Mêlayu.

Lêbêt wêdaling barang ing tanah Sabrang. Miturut cathêtan saking Centraal Kantoor voor de Statistiek, lêbêting barang ing tanah Sabrang ing salêbêtipun wulan October kêpêngkêr wontên 94.000 ton, rêrêgèn f 16.800.000,- ingkang mêdal 705.800 ton, rêrêgèn f 54.800.000,-. Tinimbang wulan October taun kêpêngkêr, kathah sapunika.

Urunan tumrap kuburanipun J.P. Coen. Miturut wartos wontên kintunan arta kathahipun f 1300.- saking Sêmarang, tumanja urunan tumrap kuburan J.P. Coen.

Momotan kathah ing Cilacap. Kapal Blitar ingkang nuju labuh wontên ing Cilacap wawrat 6000 ton. Momotan samantên punika kapetang ingkang kathah piyambak ing salêbêting taun-taun ngrêkaos punika.

Ngagêngakên palabuhan. K.P.M. gadhah sêdya badhe ngagêngakên palabuhan ing Bêlawan, nyambêti palabuhan ingkang sampun. Manawi kêlampahan panjanging palabuhan ingriku badhe mindhak pintên-pintên atus mètêr.

Tuwan Aw Boon Par dhatêng Bêtawi. Tuwan Aw Boon Par sadhèrèkipun tuwan Aw Boon Hwa, bangsa Tionghwa ingkang gadhah pabrik lisah cap Macan dhatêng ing Bêtawi. Tuwan wau agêng darmanipun tumrap dhatêng bangsa Tionghwa ingriki, kadosta andamêlakên pavilyun griya sakit Yang Seng Ie.

Beya lêbêt wêdaling barang. Miturut petangan wontênipun beya lêbêt wêdaling barang ing palabuhan Tanjung Priok ing taun punika mèh sami kalihan beya kala ing taun 1929. Kala taun 1929 pabeyan nampèni arta beya 158 yuta rupiyah, makatên ugi ing taun punika.

Racun jamur ing Cilacap. Kawartosakên, ing dhusun Cijêruk, Dayeuhluhur, Majênang, kabupatèn Cilacap, kathah tiyang nanêm jamur ingkang pinanggih mawa racun adamêl sakiting tiyang 9, ingkang 7 kêlajêng tiwas, ingkang 2 lajêng dipun suntik, nanging sarêng sadintên sadalu ugi lajêng tiwas.

NAGARI WALANDI

[Grafik]

Karisakaning auto titihandalêm Prins Bernhard. Kados ingkang sampun kawartosakên Kajawèn kêpêngkêr, nêmbe2 punika Paduka Prins Bernhard manggih kasangsaran jalaran nitih auto tumbukan kalihan auto momotan. Inginggil punika ngêwrat gambar auto titihandalêm Prins Bernhard ingkang karisakan.

--- 1587 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya

32

Dêdongenganipun Ilya mêmêngsahan kalihan Idholice.

Ara-ara ing praja Ruslan punika wiwit kina-makina ngantos dumuginipun samangke, mila misuwur mênggahing jêmbar punapadene asrinipun. Wontênipun ara-ara wau, saking jêmbaripun ngantos kenging kasamèkakên kalihan jêmbaring samodra jinêm. Ara-ara ing Ruslan dipun wastani asri, langkung malih manawi nuju môngsa bêntèr, mila inggih nyata, awit ing kala sunaring surya amadhangi ing ara-ara, ing ngriku katingal abyoring sêsêkaran ingkang manekawarni. Kajawi punika ing pasukêtan ingkang inggil-inggil kathah kutu-kutu walang-ataga warni-warni, ingkang suwaranipun adamêl sêngsêming pamirêngan. Mila inggih kapara nyata, kawontênanipun ara-ara ing Ruslan sayêktos sakalangkung asri. Ewasamantên asrining ara-ara wau botên paja-paja anyamèni kados ing jaman kinanipun, nalika ing ngriku dèrèng kaambah ing waluku utawi garu, punapadene nalika sukêt ing ngriku dèrèng katrajang ing arit.

Ing satunggiling dintên, Ilya numpak kapalipun ingkang kiyat, mubêng-mubêng ing ara-ara ngriku, mulat mangiwa manêngên. Mripatipun ingkang sakalangkung waspada, tansah mawas dhatêng katêbihan, bokmanawi wontên garombolaning tiyang awon ingkang sok asring damêl rêrêsah ing padhusunan, ananging botên nate sagêd kacêpêng dening rikating kapal ingkang sami dipun tumpaki. Mênggah tiyang ingkang anggadhahi tindak awon makatên wau, sajatosipun inggih bangsaning prajurit ingkang kêndêl tuwin prawira, nanging ingkang minôngka kangge panggêsanganipun botên sanès, kajawi ambegal, ngècu tuwin ngoyok kemawon. Ing batos, Ilya kêpengin sangêt pinanggih kalihan prajurit ingkang makatên wau, supados sagêd nyobi kêkiyatanipun piyambak ingkang sampun tikêl kalih mindhakipun dening satriya danawa ingkang nama Swatogor, makatên ugi kêpengin nyobi landhêping pêdhang tilaranipun satriya rasêksa wau. Ngantos sawatawis dangu anggènipun Ilya anjajah ara-ara ngupados mêngsah, nanging botên wontên satunggal-satunggala tiyang ingkang katingal wontên ing ara-ara ingkang jêmbaripun ngantos dumugi ing sagantên cêmêng wau. Salajêngipun Ilya nuntên angêculakên kêndhali kapalipun saha anggagas lêlampahanipun satriya rasêksa Swatogor tuwin kawontênanipun rêdi Kramat, makatên ugi anggagas pêjahipun Swatogor ingkang sakalangkung nganèh-anèhi punika. Saking anggènipun tansah anggagas-gagas ingkang makatên wau, Ilya ngantos supe dhatêng kawontênan ing kiwa têngêngipun. Amila lajêng ragi kagèt, sarêng ing ngajêngipun ujug-ujug wontên satunggiling pêkir ingkang ngêndhêgakên lampahing kapalipun. Mênggah wujudipun pêkir punika agêng inggil gagah prakosa. Rambutipun nyambêl wijèn, jenggotipun ingkang panjang ngantos dumugi ing dhadha, sampun pêthak mêmplak. Lampahipun mawi têkên, ingkang wawratipun botên kirang saking sèkêt kilo. Dene anggèn-anggènipun: jubah panjang ngantos dumugi ing polok, tuwin tudhung inggil. Sanalika punika Ilya gadhah pangintên, bilih pêkir wau nêdya ambegal, amila inggih tata-tata nêdya anglawan. Nanging pêkir awincantên makatên:

Tuwan, tumraping panjênêngan, satunggiling satriya ingkang sampun kawêntar mênggahing kêkêndêlan tuwin kaprawiran panjênêngan, kados kirang utami saupami ngantos bônda yuda kalihan satunggiling pêkir kados kula punika. Kula sumêrêp, bilih panjênêngan punika têtungguling para prajurit ing saindênging praja Ruslan, inggih punika Sang Minulya Ilya. Nanging kintên kula panjênêngan botên priksa dhatêng kula. Nalikanipun panjênêngan ing kala rumiyin taksih gêrah wontên ing Karacaro, kintên kula sampun asring panjênêngan mirêng wartos mênggahing kawontênan kula. Sajatosipun kula punika botên sanès kajawi pun: Iwanice.

Ilya: E hla dalah, dadi kowe kuwi Iwanice, sawijining pêkir kang wis misuwur ing saindêng praja Ruslan mungguhing karosan lan kadibyanmu. Ora, Iwanice, kowe kuwi saka ngêndi, lan paranmu arêp mênyang ngêndi.

Iwanice: Andadosna kauningan tuwan, kula punika mêntas saking Kiyèp, nêdya badhe kesah dhatêng kitha sukci, ingkang nama: Baitul Mukadis. Niyat kula wontên ing ngrika badhe sujarah wontên ing pasareyanipun Kangjêng Nabi, sêsêmbahan kula sadaya, lan nêdya adus wontên ing lèpèn Dhorpan.

Ilya: O, iya bêcik bangêt manawa mangkono, kang dadi sêdyamu. Mung sarèhne aku iki wis lawas anggonku ninggal kutha Kiyèf, mara, aku critanana kapriye kaanane ing kutha kono ing saikine. Apa iya isih kaya biyèn-biyèn, apa wis akèh owahe.

Iwanice: O, tuwan, kawontênan ing kitha Kiyèf ing samangke sampun botên anyênêngakên kados rikala panjênêngan taksih wontên ing ngriku. Mênggah sababipun, ing praja Ruslan ing samangke kalurugan [ka...]

--- 1588 ---

[...lurugan] mêngsah lêlêthêking donya, nanging kadibyanipun tanpa tandhing. Mêngsah wau nama: Idholice. Ing sakawit kitha Kiyèp dipun kêpung wakul binaya mangap dening Idholice sabala korawanipun ingkang tanpa wicalan kathahipun. Prabu Wladhimir sawadyabalanipun kêpêksa mundur dhatêng kadhaton, ewasamantên saking kiranging bala wau, kitha Kiyèf botên watawis dangu tamtu sagêd karêbat ing mêngsah. Lan kadhatoning nata tamtu lajêng kadamêl karang-abang. Awit kauningana, tuwan, para panungguling prajurit ing Kiyèf punika samangke kantun wontên kalih ingkang taksih wontên ing kitha, sanès-sanèsipun sampun dangu anggènipun nilar kitha, prêlu anjajah desa milang kori ngudi misuwuring nama. Dene panungguling prajurit kalih ingkang taksih kantun, inggih punika: Alyasa tuwin Dhobrinya. Mênggah kadibyanipun Alyasa punika sajatosipun mila sampun misuwur, nanging kêkêndêlan lan kaprawiranipun kirang. Amila sarêng nyumêrêpi ing sajawining bètèng wontên mêngsah ingkang tanpa wicalan kathahipun, saya malih sarêng sumêrêp kawujudanipun: Idholice, ingkang gagah prakosanipun tanpa tandhing, inggih lajêng ajrih mêdal amangsah pêrang. Dene Dhobrinya, panjênêngan piyambak kados sampun uninga mênggahing kêkêndêlan lan kaprawiranipun, punapadene kadibyanipun, saupami puruna ngêdali pêrang, kados botên badhe anguciwani. Nanging wiwit Dhobrinya punika krama angsal Dèwi Natasiyah ing sêmu botên wontên malih ingkang dados pamanahanipun kajawi Dèwi Natasiyah wau, amila damêlipun rintên kalayan dalu botên sanès kajawi namung pangantenan kemawon. Sarêng Prabu Wladhimir anguningani, bilih para prajuritipun botên kuwagang ananggulangi mêngsah ingkang ngêpung wakul ambaya mangap kitha Kiyèp wau, panjênênganipun nata lajêng asrah jiwa raga saha anyêdhahi Idholice, tiyang ingkang dados lêlêthêking donya wau, lumêbêt ing kadhaton prêlu asêsarêngan bojana andrawina. Idholice mapan linggih wontên ing dhampar kêncana angajêngakên sang pramèswari, nanging angungkurakên sang nata. O, tuwan, saupami panjênêngan uninga anggènipun nêdha Idholice, bokmanawi panjênêngan gumun tanpa upami. Awit nêdhanipun sakalangkung kathah sangêt, inggih punika: saêndhêgan sagêd nêlasakên daging lêmbu satunggal galuntung, ngombenipun sagêdhagan kemawon sagêd nêlasakên bir satus gêndul. Salêbêtipun nêdha têmbungipun ingkang kalair botên sanès, kajawi namung ngerang-erang sang nata tuwin sang pramèswari, makatên ugi angawon-awon dhatêng agami kula sadaya. Wicantênipun kalihan sraweyan makatên: gambar-gambaring nabimu utawa kabèh wong kang dianggêp kramat bakal dak rusak lan tak idêg-idêg, greja-greja ing kene bakal tak anggo gêdhogan kabèh. Lan botên wontên tiyang ingkang purun mancahi wicantênipun tiyang ingkang ambêg siya wau. Makatên, tuwan Ilya, mênggah kawontênanipun ing kitha Kiyèf ing samangke.

Kanthi gumun, Ilya lajêng apitakèn: saka pangrunguku, kowe kuwi kasuwur mungguhing karosan lan kadibyanmu, geneya kowe ora ngluwari kutha Kiyèp saka mungsuh kang ambêg siya mêngkono mau, geneya kowe ora nugêl gulune lêlêthêking donya kang aran: Idholice mau. Aku gumun bangêt, dene kowe ngêtogake bae nyang tindake wong kang wis kumawani angina lan angerang-erang marang agamane dhewe.

Sêmu ajrih Iwanice cariyos makatên: Kadospundi têka panjênêngan sagêd ngandika ingkang makatên. Salaminipun gêsang, kula dèrèng nate sumêrêp utawi mirêng satunggiling tiyang awujud sato galak kados: Idholice punika. Kauningana, dêdêg piyadêgipun tiyang wau tikêl kalih inggilipun kalihan tiyang limrah, agênging êndhasipun mèh sakèncèng, rambut ing bolongan irung punika mèh nyamèni jêmparing. Amila sarêng kula sumêrêp wujudipun: Idholice wau, sanalika kula kagèt sangêt, ngantos kêkêndêlan kula punika rumaos ical babarpisan. Punapa malih ngantos amangsah pêrang puruna, sawêg anyakêt kemawon ajrih kula sampun kagila-gila. Kalihan malih, kula punika namung satunggiltingsatunggiling. pêkir, pêrang punika dede kuwajiban kula.

Ilya: He, ora ngira babarpisan aku, Iwanice, awit karosan lan kadibyanmu iku wis kawêntar, lan aku ngandêl, yèn karosanmu mêsthi tikêl loro tinimbang aku, ananging sêmune kowe kuwi ora duwe kêkêndêlan babarpisan. Pantêse, sabab saka jirihmu, kowe kuwi kudu tak ukum, nanging luwih bêcik kowe tak ngapura bae, anggêre kowe gêlêm miturut apa kang dadi karêpku. Saiki: jubahmu, topi, sêpatu nam-naman, lan têkênmu sing ora murwat gêdhene kuwi, silihna nyang aku, nêdya tak ênggo. Awit sarana ngemba pêkir aku saiki arêp mênyang Kiyèp. Karêpku ing kana Idholice aja nganti wêruh nyang aku.

Sakêdhap pêkir botên sagêd ngucap punapa-punapa, wusananipun lajêng wicantên makatên:

Tuwan, saupami tiyang sanès ingkang nêmbung dhatêng kula badhe ngangge pangage kula punika, têmtu botên badhe kula sukakakên, awit jubah kula punika rêginipun awis sangêt, lan ing salêbêting sêpatu kula punika kathah sela-selanipun ingkang anggadhahi kasiyat agêng, inggih punika: sintên ingkang kanggenan sela punika, têmtu badhe tinêbihan sadaya sato galak. Ing môngka kula punika sabên dintên kêdah ngambah wana. Gèk kadospundi badhe kadadosan kula, manawi ngantos tinilar ing sela-sela wasiyat wau. Nanging kadospundi anggèn kula badhe mambêngi ing pamundhut panjênêngan. Manawi botên kula turuti punapa pamundhut panjênêngan, botên sande barang-barang kula mêsthi panjênêngan pundhut kanthi roda pêksa, bokmanawi kula malah panjênêngan gêbagi ngantos sêtêngah pêjah, amila sagêd kula inggih namung manut miturut kemawon.

Badhe kasambêtan.

--- 193 ---

No.49, Taun VIII.

TAMAH BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR.

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG.

Soem Poerbatin, Jokya, Kustinah Sawangan, Soekartijah Malang, Senik, As lan Soetrisna, Solo, Zalekah, Probolinggo, Roebigdo Malang, Tjiptoroso Malang, Moehamad Dawami Muntok.

Karcis Silaturachmi wis daktampa, bangêt panrimaku, ora liya padha anglanggêngake pangapura.

Soem Poerbatin, Jokya. Wah mula ya panas bangêt, ing Bêtawi kene, apa manèh ing Bungur, mula ya banjur ngalih nyang Vliegveldlaan, paringane Allah ing Vliegveldlaan ora pati panas, malah silir.

R. Soediro, Dêlanggu. Layangmu wis daktampa, bangêt bungahku. Cuwa bangêt dene Rama Petruk apa dene ibu Petruk lan Bu Mar ora sagêd têrus mênyang Dêlanggu awit ora kêburu, ing mangka ing Magêlang ana gawe kang pêrlu. Ya besuk seje wêktu, yèn pinaringan slamêt ora ana alangan sawiji apa, mbokmanawa disidakake nyang Dêlanggu. Pangabêktiku bae aturna nyang bapak karo ibu ya! Karanganmu uga wis daktampani.

Soenaka, Tuban. Layangmu isi lagu ondhe-ondhe wis daktampa, bangêt panrimaku.

Soepartono, Purwokêrto. Cuwa bangêt dene aku ora bisa kêtêmu karo kowe lan ora bisa nunggoni têtakmu. Mbokmanawa besuk sasi Januari yèn tanpa alangan aku mampir ing Pkt manèh.

Lantarsih Tolan, Pangkatan S.O.K. Bangêt bungahku kowe mêrlokake kirim layang manèh.

Soerti, Sêmarang. Bu Mar kadhang-kadhang ya ngrungokake kinderuurtje saka Sêmarang. Kowe apa ora milu mênyanyi?

Soehardi, Magêlang. E la, kok lagi iki kowe mêncungul manèh, sukur ta yèn isih eling nyang Bu Mar.

Siti Sriwahjoe. AanggonmuAnggonmu. ngajak têpungan wis daktampa, bangêt bungahku.

Sri Sasanti, Surakarta. Sri, aku samono uga, padha nglanggêngake pangapura, muga-muga kowe pinaringan slamêt ora kurang sawiji apa.

Imosoedarmo, Klathèn. Batanganmu daktampa bangêt panrimaku.

Uncle Sum, Singapure. Aku milu muji nyang Pangeran, muga-muga kang slira enggal waras, anggone ginanjar lara. Apa malaria apa kapriye, têka lawas têmên. Yèn waras, enggal ngabarana manèh.

Soetarno, Balikpapan. Layangmu isi karangan wis daktampa, bangêt panrimaku.

S. Har, Solo. Pambadhemu bab rama Petruk lan ibu Petruk bênêr. Karanganmu wis daktampa.

S. Arbanga, Banyung. Lêluconmu wis daktampa. Iya mula macak karangan kuwi nganggo dipilih dhisik.

Soetardi, Pêkalongan. Ach Di, ya aja tansah ngeling-eling Bawang bae, mundhak ora bisa sinau. Wis lumrahe ta pisah karo wong tuwa, wong bu Mar ya wis nglakoni, ajêgan pisah karo wong tuwa. Yèn êntas prèi, mulih nyang pondhokan, iya banjur nangis bae nganti têlung dina dhewe. Nanging banjur kèlingan, yèn bakale entuk prèi manèh, kêtêmu manèh, iya banjur sênêng, malah mêmpêng sinaune. Kowe rak ya ngono ta, ngelingana yèn bakal entuk prèi manèh.

Sri Hartini, Banjarnêgara. Karanganmu kanggo dina lêbaran ora bisa kapacak, awit têkane wis kasèp. Layangmu sing dhisik iya wis daktampa mula lawas ora diwangsuli, awit tansah ribêt bae, iya alih-alihan, iya Lêbaran lan liya-liyane.

Kardono, Japara. Ach mbok iya aja ngiming-ngiming pêlêm bae, mundhak kêmocor iduku. No. impènmu kok ora bênêr, kiraku sabab saka kokehan turu, mula dadi impène ya mblura utawa ya ora ngimpi tênan, mung ngira-ira bae.

R.M. Waskitha, Surakarta. Aku kok gumun, ingatase kowe, kok ora ngêrti. Anggonku nulis Rama utawa Ibu Petruk, kuwi rak nyêbutake kowe kabèh, dadi karêpku, rama lan ibu tumrape kowe kabèh, dudu aku sing nyêbut rama utawa ibu. Geneya aku ngandhakake awakku dhewe kok ya Bu Mar, kowe rak ya nyêbutake kowe kabèh, kok jêbul dikira molah malih.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar

--- 194 ---

SINAU NGÊTIK

[Grafik]

Ing dhuwur iki gambare bocah nuju sinau ngêtik. Sanajan bocah, yèn mula pancèn tabêri iya bisa.

KINANTHI LARAS MOYO

I. Nagari Jawi puniku, | Kalangkung anggrêspatèni,angrêspatèni | Ardinya abêbarisan, | Pinulêt ilining kali, | Pindha sarpa ing pasaban, | Luru kang kinarya bukti. ||.

II. Marma ilining kang banyu, | Karya gêmah loh jinawi, | Ing kêbon lan pasabinan, | Kêbak klapa miwah pari, | Pari paraning pêparab, | Sêsêbutan tanah Jawi.||

III. Karasa-rasa ing kalbu, | Marang kita bangsa Jawi, | Sêmono sihe Hyang Sukma, | Mring titahnya para jalmi, | Tan pêgat ulun mêmuja, | Mring sih kadarmaning Widi.||

Waidjah, Magêlang.

SUBASITA

Watuk, wahing, angob.

Yèn krasa arêp watuk, sêbisa-bisa ampêtên. Dene manawa ora kêna diampêt, olèhmu watuk arêpna mêngisor utawa mengo, cangkêm mingkêm nganggo ditutupi tangan utawa kacu. Mêngkono uga tumrape wahing lan angob.

Uthik-uthik irung lan kuping.

Nguthik-uthik irung ana pajagongan iku, dinêlêng ora pantês, nggigoni tur ketoke nyêpèlèkake mênyang sing dijak jagongan. Yèn kuping utawa irung krasa gatêl, pênêtên bae nganggo kacu.

Usap-usap rai.

Rai kang nglênga, yèn arêp diusapi, prayoga nganggo kacu bae, sabab manawa nganggo tangan, dinêlêng nggigon-nggigoni lan saru apa manèh katon nyêpèlèkake marang pasamuan. St., Solo.

KUTHA SINGAPUR.

Wis mèh têlung taun saprene ing sawijining dina ana bocah nunggang kapal, ngênêr mênyang Singapur. Bocah mau jênênge Uncle Sum, ya sing nulis dongèng iki. Sarèhne ombake gêdhe, dadi rasane wah, wis ta, saking ora karu-karuane, nganti ora bisa ngandhakake, sok ngèngkèl yèn jagad kuwi mubêng. Sarèhning aku iki bocah bêkunung ngono, dadi ya ora pati ngandêl, nanging barêng ana ing kapal kompal-kampul ing ombak sing dhuwure ora mêkakat mau, aku têrus pitaya ngêndikane guruku biyèn, pancèn iya, jagade mubêng, malah dudu jagade bae, kabèh apa-apa sing dakdêlêng padha mubêng kaya diraaimolen. Aku uga kèlingan ngêndikane para sêpuh, jarene wong urip kuwi waton tatag bae mêsthi slamêt. Aku ana ing kapal iya daktatag-tatagake, anggêr ana ombak têka takpênthêlêngi lan taksumbari: "Apa abamu, malah barêng ombake saya gêdhe, anggonku mlintir brêngos nganti mèh mbrodholi kabèh, nanging tanpa guna, anggonku mabuk saya suwe malah saya andadra: sirahku mumêt, wêtêng kaya diudhêk, ambêkan sêsêk, kringêt dleweran, rasane awak adhêm panas, mrinding, cêkake wis ta, yèn kowe arêp ngrasakake coba mênyanga Singapur dhewe, tilik Uncle Sum!

Kocapa, barêng wis cêdhak kutha Singapur, ombake tujune gêlêm rada suda, aku bisa njênggèlèk. Wong gunung ngono, wêruh kutha gêdhe, gumune nganti ngisin-isinake kae. Ning ya ora maido, ta, la wong sajêg urip ana ing ngalamdonya durung tau wêruh kapal nglumpuk samono kèhe, gêdhe cilik, cète putih, irèng,irêng. abang, biru, pêgane kêmêluk campur karo pêgane pabrik-pabrik ing dharatan, apa manèh prau sing cilik anggone pating sliwêr kaya sêmut.

Luwih cêdhak manèh aku krungu gêrênge motor mabur, têrus mlayu mênyang railing, verrekijkere, kancaku takrêbut. Aku dhèk isih ana ing sêkolahan, ya tau dirêtèkake dening pak guru kapriye dene barang kang luwih abot dening hawa bisa mumbul lan mabur ing gêgana, nanging sabên wêruh motor mabur aku mêksa isih gumun bae. Apa manèh ing Singapur wêruh sêpirang-pirang, jèjèr mabur barêng, kaya letter "V", ya kuwi sing diarani mabur "in V-formation", anggonku andhangak nganti tèngèng.

Ana candhake.

--- 195 ---

ORA KÊNA DITIRU

Ana sawijining bocah aran Tugiya. Bocah iku nakal bangêt lan ora pisan-pisan gêlêm manut karo karêping wong tuwane. Bapakne Tugiya iku jênênge Pak Karya, satêmêne anake pitu, nanging sing urip mung si wuragil ya iku Tugiya. Karya iku wong mlarat, nanging Tugiya ora pisan-pisan ngrumasani dadi anake wong mlarat. Dhèwèke ora gêlêm kasoran karo kanca-kancane. Nalika wis cêdhak mangsa Lêbaran, sawijining dina Tugiya têka saka dolan, banjur nyêdhaki bapakne karo nangis, calathune: "Pak, ayo saiki aku tukokna mêrcon kang kaya kancaku dolan kae, aku diisin-isin, awit ora nyumêt mêrcon dhewe."

Bapakne mangsuli: "Le, aku ora bisa nukokake, awit ora duwe dhuwit. Diisin-isin ya bèn, kapriye manèh wong bapak wis ora duwe dhuwit kanggo tuku."

Tugiya krungu wangsulane bapakne, banjur nêpsu. Êmbokne diparani, digêbugi, wêruh lading gumlethak dijupuk kanggo nacah-nacah klasa. Bapakne banjur nyêdhaki karo ngandhani, kanthi sabar: "Wis aja kaya ngono le, sesuk-esuk, daktukokake, saiki mangana bae dhisik.

Barêng wayah sore, Tugiya wis turu, Karya rêmbugan karo sing wedok: "Kapriye mbokne, sesuk yèn anakmu ora diwènèhi mêrcon long, ya mêsthi nêsu manèh. Mangka bocahe yèn nêsu nyamari bangêt, apa-apa dirusak. Ya wis mbokne, kowe tunggua omah sadhela aku takgolèk utangan nyang kang Singa."

Bojone mangsuli: "Iya bêcik."

Pak Karya banjur lunga, ora antara suwe têka anggawa dhuwit patang kêthip. Esuke kanggo nukokake mêrcon si Tugiya. Tugiya bungah bangêt, banjur mangkat dolan. Barêng têka, muring-muring manèh njaluk mêrcon long. Pak Karya kapêksa golèk utangan manèh, uga entuk.

Nanging watake si Tugiya yèn ora dituruti karêpe ngamuk, dene yèn dituruti malah ndadra.

Barêng Lêbaran kurang têlung dina si Tugiya têka saka dolan muring-muring manèh, calathune: "Pak, pak, aku njaluk klambi anyar, topi anyar, lan uga tukokna sêpatu kaya kancaku kae, sesuk malêm Lêbaran aku kudu ditukokake mêrcon long manèh sing akèh, mau kurang akèh, dadi sadhela bae ya banjur êntèk. Aku digêguyu dupèh mung anggawa sathithik. Yèn sesuk aku ora ditukokake, aku êmoh mulih, pak!"

Wangsulane bapakne: "O, Allah, le, bapak olèhe dhuwit kanggo tuku mêrcon akèh saka êndi, wong wingi bae anggonku utang-utang."

Tugiya calathu manèh: "Kuwi rak mung kanggo ngapusi aku bae. Yèn sesuk aku ora ditukokake long, omahe daksawati watu."

Pak Karya judhêg pamikire. Barêng Tugiya wis mapan turu, dhèwèke calathu marang sing wadon: "We la, kapriye mbokne, judhêg aku ngrasakake anak siji iki, wis ora pasah pituturing wong tuwa, dakalusi ora ngêrti, arêp dakkasari aku ora têgêl, wong anak mung kari siji. Ya wis mbokne, aku dakgolèk utangan manèh."

Pak Karya nêmbung utang nyang sapa-sapa ora ana sing mènèhi, jalaran arêp kanggo kabutuhane dhewe-dhewe. Saking judhêging pikire, banjur thukul panêmune sing ala. Sasuwene lumaku karo mikir-mikir, dumadakan arêp ngliwati omahe wong sugih, kang lagi kanggo kumpulan main.

Pak Karya mlêbu ing pakarangane, lingak-linguk mangiwa manêngên, kabênêran wêruh salah sijine jêndhela kang isih mênga. Enggal-enggal dhèwèke marani jendhela mau, mènèk têrus mlêbu ing kamar. Ing jêro kamar kono ana jas cumanthèl, mangka ora ana wong siji-sijia. Pak Karya gogoh-gogoh ing kanthonganing klambi jas mau, nêmu dhompèt. Enggal-enggal dhompèt mau dijupuk, banjur mlumpat mêtu jêndhela, mlaku rêrikatan mulih nyang omahe.

Satêkane ing omah bojone pitakon: "Ana apa pakne, têka ambêkanmu mênggèh-mênggèh mêngkono lan kringête daleweran."

Wangsulane sing lanang: "Wah mbokne, atiku iki isih dhêg-dhêgan ngene. Aku mau êntas golèk utangan, nanging ora olèh, kabèh-kabèh kandha yèn butuh dhewe. Saking judhêging atiku ngèlingi watakane anakmu kaya ngono kuwi, aku banjur mlêbu nyang omahe mas Taruna sing sugih kae. Ing kono kabênêran lagi padha main, aku bisa mlêbu saka jêndhela kang isih mênga ing kamar, kang ora ana wonge, nanging ana jas cumanthèl. Ing kono aku gogoh-gogoh ing kanthonganing jas mau, nêmu dhompèt iki, gilo mbokne."

Bojone barêng krungu banjur mbêngok nangis karo calathu: "O, pakne, pakne, kowe iki dadi êntas nyolong, o, pakne, kowe kok dadi kaya ngono."

Wangsulane sing lanang: "Iya kapriye manèh, saking bingunging atiku ngrasakake anakmu kuwi."

Dhompète nuli dibukak, wah sênênge pak Karya tanpa upama, isine dhompèt mau dhuwit kêrtas limang rupiyah loro, lan ringgit papat.

Kocapa, mêtune Karya saka jêndhelaning omahe mas Taruna mau kawêruhan dening salah sijine agèn pulisi kang pinuju rondha. Lakune diêtutake saka kadohan. Barêng têkan ing omahe, pulisi mau uga wêruh mlêbune. Pulisi ngrungokake saka jaba, barêng cêtha, manawa êntas nyolong, pulisi banjur thothok-thothok njaluk lawang. Ora nganggo ditakoni manèh, Karya têrus dicêkêl, digawa nyang kawêdanan. Sing wadon mbêngok nangis lan njalukake pangapura sing lanang, sabab salawase durung tau nyolong nêmbe sapisan kuwi, nanging panjaluke mau tanpa gawe. Pak Karya sida digawa, nuli ditahan ing kawêdanan, esuke pêrkarane arêp dirampungi.

Kacarita Tugiya krungu tangise mbokne, banjur tangi sarta pitakon: "Mbok, ana apa ta, geneya nangis, bapak ana ngêndi?"

--- 196 ---

O le, bapakmu digawa pulisi, bakale mêsthi tampa paukuman. Mulane kowe yèn njaluk apa-apa, bapak kandha ora bisa mènèhi, ya aja mêksa. Bapakmu kuwi trêsna bangêt nyang kowe, kowe duwe panjaluk apa-apa, dhèwèke mêsthi kudu arêp nuruti. Sawise, yèn ora duwe dhuwit nanging kowe mbeka njaluk bae, tansah muring-muring, bapakmu nganti nglakoni nyolong. Mangka sesuk êmbèn dina Lêbaran, bapakmu ora ana ngomah. Sanajan ora nyandhang apik, ora mangan enak-enakan, nanging yèn ganêp kabèh ana ngomah, slamêt, têntrêm, aku ya wis sênêng, le. Balik saiki kapriye, gèk pirang dina bapakmu anggone nglakoni paukuman?

Tugiya barêng krungu têmbunge êmbokne, kagèt lan gêtun bangêt. Sanalika iku dhèwèke ngrumasani kaluputane lan watakane sing ala. Dhèwèke banjur milu nangis, kèlingan bapakne lan wêlas ndêlok êmbokne, nuli calathu karo nangis: "O ... mbok ... saiki aku ... arêp manut ... karo bapak ... karo êmbok ... ora arêp mbeka manèh." Barêng dina Lêbaran Tugiya babar pisan ora bisa sênêng-sênêng, pênganggo anyar, sêpatu, mêrcon lan kabèh kang wis diimpi-impi, wêkasane ora bisa anduwèni, malah sêdhih ngrasakake bapakne ana ing pakunjaran. Mêngkono ta cah, wêkasane bocah sing nakal, ora gêlêm ngrungokake pituturing wong tuwane.

SÊNDHANG SANI

Nalika aku lunga mênyang Pathi, diêjak kancaku ndêlêng sêndhang Sani. Dohe saka kutha kira-kira 3 km. Yèn mrono kudu nggawa êndhog lan jajanan liyane, pêrlu kanggo makani bulus. Buluse sing gêdhe mung siji, nanging biyèn jare loro. Wong sing padha mrono kêjaba arêp wêruh, iya akèh sing padha nyadran. Mungguh dêdongengane mangkene:

Dhèk jaman kuwalèn, yaiku jamane para wali ing tanah Jawa isih padha sugêng, kang kondhang dhewe Kanjêng Sunan Kalijaga.

Nuju sawiji dina K.S.K. mau tindak lêlana kadhèrèkake sakabate loro. Barêng tindake K.S.K. têkan têngah alas, mbênêri wayah bêdhug awan, K.S. kraos ngêlak, banjur utusan sakabat golèk banyu ngunjuk; nanging ora bisa olèh. K.S. banjur ngunus kagungane cis, ditancêbake ing lêmah. Barêng cis didudut, têpake mau mêtu banyune kang bêning bangêt. Banyu iku ora tumuli diunjuk, nanging ditinggal sêmbahyang luhur dhisik. Sakabat kadhawuhan nunggu.

Sasuwene K.S. sêmbahyang luhur, sakabat loro mau krasa ngêlak bangêt, nganti ora kêna diampah. Wêkasan padha nyolong ngombe. Rumasane K.S. mangsa pirsaa.

Barêng K.S. lêbar sêmbahyang, pirsa yèn banyune disisani sakabate, banjur ngêndika: "Kowe iku kaya bulus. Dipitaya tunggu banyu bae disisani". Kêna sabdane Kangjêng Sunan sakala sakabat loro mau padha dadi bulus, manggon ana ing banyu mau, kang saiki dadi sêndhang. Dadi têmbung Sani iku pinangkane saka têmbung disisiani.disisani.

Bênêr lupute, masa boronga sadulur ing Pathi.

TATA 'ADAT ING SÊMARANG

Sabên bangsa lumrahe padha duwe tata 'adat dhewe-dhewe. Malah ana sawênèhe panggonan kang uga duwe tata 'adat dhewe. Tata 'adat mau ana sing adhêdhasar agama, ila-ila lan gugontuhan.gugon-tuhon.

Tata 'adat iku yaiku kalumrahan kang tumindak ing salah sijining panggonan. Dadi ora sumrambah anane. Tumrap bangsa Mêlayu malah duwe ukum 'adat barang (adatrecht).

Ing kutha Sêmarang ana tata 'adat rong warna:

I Tata 'adat dhukdhèr.

Sing diarani dhukdhèr iku, unine bêdhug ing mêsjid kang katabuh ing tanggal 29 Ruwah, kanggo têngara yèn esuke wiwit pasa. Mulane dina mau banjur karan dina dhukdhèr.

Manawa mbênêri dhukdhèr, ing alun-alun kêbak wong dodolan nganti têkan têngah ratan barang. Sing akèh adol dolanan. Wiwit asar wong kang padha têka byuk-byukan, nganti jam 12 bêngi lagi katon suda. Kang padha mrêlokake têka mau ora mung wong kutha bae nanging iya wong jaba kutha barang. Wong-wong mau sing akèh padha tuku dolanan lan jajan. Gumunku ing ngatase ora ana tontonane apa-apa, wong kok samono kèhe:

II. Kupatan, tanggal 8 Sawal.

Yèn mbênêri kupatan, wong-wong padha plêsir mênyang Bale Kambang, kèhe wong padha bae karo dina dhukdhèr. Mung panganggone luwih mubyar. Mangka ing kono ora ana tontonane apa-apa. Bale kambang iku patamanane tuwan Oei Tiong Ham kang wis ngajal, millionair ing tanah kene.

Tata 'adat rong warna mau tanpa pamrih apa-apa, mung mligi kanggo sênêng-sênêng, jarene manut ila-ila nglêluri jaman kuna.

Boentarta.

--- [1605] ---

Ôngka 100, Rê Wa, 12 Sawal Ehe 1868, 15 Dhesèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1589] ---

Ôngka 100, Rê Wa, 12 Sawal Ehe 1868, 15 Dhesèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Sibolga - Pagêblug Sêsakit ingkang Nular - Gambar wontên ing Kaca, tuwin Pratikêlipun - Nusakambangan - Wara-wara - Kawontênan ing Tiongkok - Sênenjong Godhog - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Sibolga

[Grafik]

Sêsawangan ing wanci sontên ing Sibolga, Tapanuli.

--- 1590 ---

Bab Kasarasan

Pagêblug Sêsakit ingkang Nular.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 99.

Jampinipun ingkang cêsplêng inggih punika vaccin kink-hoest utawi Neo dmetys (Fransch), anggènipun ngêtrapakên (nyuntik) kêdah tumuntên ing sadèrèngipun kasèp, têgêsipun samôngsa sêsakitipun katawis thukul, kêdah enggal dipun suntik vaccin. Sanajan lare ingkang saras, manawi ing panggenan ngriku wontên thukul sêsakit punika, prayogi enggal dipun suntik vaccin kinkhoest wau, minôngka panulakipun sêsakit punika, kadosdene nulak thukulipun sêsakit diphtherie.

Sanajan sêsakit kinkhoest punika botên ambêbayani, namung manawi botên tumuntên dipun suntik vaccin wau, sagêd nukulakên bêntèr, paru (kêbuk) lajêng sakit (longontsteking) utawi ginjêl (nier) lajêng dados nierontsteking lan sapanunggilanipun, langkung-langkung yèn lare ingkang kataman wau pancèn ringkih sagêd ambêbayani.

Tiyang mastani dhoktêr punika awis utawi lôngka ingkang katrajang sêsakit nular, amargi saking sagêd anjagi badanipun, makatên punika inggih wontên lêrêsipun, nanging sajatosipun dhoktêr punika wiwit dados murid ing pamulangan dhoktêr ngantos dados dhoktêr sampun asring sêsrawungan kalihan tiyang ingkang sakit nular warni-warni, dados inggih katularan sêsakit-sêsakit wau saking sakêdhik arambah-rambah, kenging katêmbungakên dados kulina, wêkasan badan sagêd kalis dening sêsakit wau, kadosdene tiyang ingkang nêdha racuning candu wiwit saking sakêdhik, dangu-dangu lajêng kathah panyêrètipun, tiyang wau botên kraos punapa-punapa, malah badanipun dados sêgêr lan kiyat.

Upami tiyang limrah ingkang botên nate nêdha racuning candu wau dipun têdhani candu samantên kathahipun, tamtu mêndêm, sakit, sagêd katiwasan.

Pagêblug sêsakit punika sagêd sirêp piyambak.

Ing ngajêng sampun dipun têrangakên, yèn tiyang sampun nate utawi sampun rambah-rambah katularan sakit punika, dangu-dangu badanipun sagêd kiyat lan kalis sêsakit, sanadyan kataman ing sêsakit, inggih namung ènthèng kemawon, tanpa jampi sagêd saras piyambak. Mila ing satunggiling panggenan ing dhusun utawi ing kitha ingkang tiyangipun kathah ingkang sampun nate katularan sêsakit nular, jêr tiyang wau inggih sagêd kataman sêsakit punika, nanging radin-radin sami enggal saras. Inggih ugi satunggal kalih wontên tiyang ingkang rêkaos sêsakitipun lan wontên ingkang ngantos tiwas, nanging botên ngômbra-ômbra lan wêkasan pagêblug wau sagêd sirêp piyambak.

Tuladha ingkang cêtha: tiyang damêl kandhang tikus ingkang dipun isèni tikus kathah ingkang sami dipun sukani têtêdhan lan ombèn-ombèn.

Tikus ing salah satunggiling kandhang ingkang saperangan dipun tulari sêsakit ingkang sagêd nulari dhatêng tikus sanès. Tikus-tikus ing kandhang wau sami sakit, malah [ma...]

--- 1591 ---

[...lah] wontên ingkang pêjah, wontên ingkang gêsang dados bacillendrager.

[Grafik]

Sêsawangan talaga Kurinci laladan Sumatra Kilèn

Sapunika tikus ingkang sakit lan tikus ingkang bacillendrager dipun culakên ing salêbêtipun kandhang sanès ingkang isi tikus saras. Tikus-tikus ingkang saras wau lajêng katularan sami sakit, kajawi ingkang sampun pêjah, ingkang gêsang têmtu sami dados bacillendrager. Salajêngipun pagêblug sêsakit ing tikus wau sagêd sirêp piyambak, tandhanipun ing sawatawis wêkdal botên wontên tikus ingkang sakit utawi pêjah. Yèn ing kandhang tikusipun sampun sami dados bacillendrager, dipun lêbêti tikus malih ingkang saras, têmtu tikus-tikus ingkang saras wau sami sakit, lan nukulakên pagêblug malih, nanging lajêng sirêp, awit tikus ingkang sampun katrajang sêsakit botên pêjah, saras nanging dados bacillendrager kiyat utawi kalis saking sêsakit nular punika.

Ing môngsa pagêblug sêsakit, têtiyang ingkang katrajang sêsakit punika wontên saperangan ingkang sakit ènthèng kemawon, wontên saperangan sami sakit sangêt utawi ngantos sami tiwas. Ingkang makatên punika sampun dipun têrangakên ing ngajêng, têtiyang ingkang kiyat badanipun punika ingkang kathah mêsthi sampun nate kataman sêsakit wau. Yèn kataman sêsakit, sakitipun namung sawatawis, utawi ènthèng kemawon, dene sanèsipun tiyang ingkang ringkih badanipun utawi ingkang pancèn dèrèng nate kataman sêsakit punika, têtiyang wau sami sakit sangêt ngantos wontên ingkang tiwas.

R. Sumadirja, Ind Arts. Sêmarang.

--- 1592 ---

Gambar wontên ing Kaca, tuwin Pratikêlipun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 99.

Pola prayogi amundhuta saking sêrat-sêrat pakêm wêdalan Bale Pustaka, awit sadaya pêpêthan ringgit ingkang kawrat ing pakêm-pakêm wau dhapur saha cakrikipun sami sae-sae sadaya.

Kangge ringgit sabêtan cêkak dipun agêngakên kaping tiga, kagêm agêng kasêkal kaping sakawan.

Bab mulasipun anêdhaka saking Babad Pandhawa wêdalan Bale Pustaka.

Kagêm dhasar (plataran) prayogi ngagêma cèt têlor asin (saèmpêr warnining cangkok tigan kambangan). Cèt cêkap sadhiya 6 warni: abrit, pêthak, cêmêng, biru, jêne, tuwin ijêm. Sanèsipun sagêd nyampur piyambak.

Pènsil, sadhiyaa ingkang nyêkapi: agêng, tanggêl tuwin alit, pênsil-pênsil wau sagêd mundhut ing sabên toko Jêpang kanthi mirah.

Manawi cètipun kêkênthêlên, sagêd dipun cuwèrakên mawi lisah tèrpêntin, utawi mawi bènsin, namung manawi ngagêm campuran bènsin sampun kathah-kathah, cêkap 2-3 tètès. Manawi kêkathahên bènsin, cèt sanèsipun ingkang sampun garing, sok lajêng katêdha kajêng luntur, dadosipun botên sae.

Manawi wontên kalintuning pangêcètipun sampun kasêsa dipun icali sarana kaêlap, prayogi kakèndêlna kemawon, ngêntosi garingipun. Bilih sampun garing lajêng kakêrok mawi lading.

Prêlu sadhiyaa bènsin, kagêm ngumbah pènsilipun, murih iritipun, kawadhahana ing gêndul tilas lisah wangi, manawi badhe ngumbah pènsil, pènsil katumpangna ing pipihan, lajêng dipun cruti lisah bènsin, salajêngipun ngantos rêsik.

Kados sampun cêkap andharan kula ing bab anggambar wontên ing kaca.

Pancènipun taksih kathah sangêt bab-bab ingkang dèrèng kula aturakên, jêr ingkang kula aturakên sadaya punika wau namung kula pêndhêt ingkang prêlu-prêlu kemawon, kirang mungguhipun saupami kula aturakên sadaya rêroncènipun, awit sanès buku.

Caking damêl, badhe kauningan piyambak dhatêng para ingkang kêsdu migatosakên.

Kagêm sambèn wêkdal nganggur prayogi, kagêm panggaotan utami. Awit nalika jaman kula taksih dados tiyang angguran, gêsang kula ugi saking anggambar wontên ing kaca, adhapur, baki, gambar ringgit, plat asma, raphal-raphal, wadhah dondoman tuwin sanès-sanèsipun sadaya ingkang kula damêl kaca.

Asil sawulan-wulanipun botên kirang saking f 25, botên prêlu ngagêm pawitan arta kathah, f 1, 50 sampun sagêd tumindak.

Bokbilih wontên bab-bab ingkang angodhêngakên utawi kirang têrangipun, kanthi sukaning manah, kula badhe anyaosi katêrangan ingkang langkung cêtha tuwin panjang dhatêng para ingkang angarsakakên ngudi.

R. Sutana. Garahan kidul halte Mrawan. O/L.

--- 1593 ---

Nusakambangan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 99.

Kados ingkang sampun kacariyosakên wontên ing Kajawèn kapêngkêr, Nusakambangan punika kêrêp kocap wontên ing cariyos, mila mênggahing nalar, ing jaman kinanipun inggih nate dipun dunungi ing tiyang, malah awujud nagari.

[Iklan]

Ing Nusakambangan punika kathah guwa-guwanipun ingkang dados patilasan ing jaman kina, kados ta ing Lamasbuntu, Guwasêmut, Masigitsela tuwin sanès-sanèsipun malih. Sadaya wau sami wontên cariyosanipun.

Sagantên ing antawising tanah Jawi kalihan Nusakambangan, punika dipun wastani sagantên anakan, ingkang atêgês sagantên alit, ing ngriku wontên panggenan, ingkang dipun wastani Sapurègèl. Baita-baita ingkang lumampah ing ngriku lajêng ngraosakên ebahing alun sagantên, saha ing sisih lèr wontên sunglonipun ingkang langkung jêmbar. Ing salêbêting sunglon ngriku wontên sungapaning lèpèn ingkang agêng. Inggih jalaran saking jêmbaring papan wau ingkang andadosakên molahing toya, mila tumrap tiyang lampah layaran, manawi lampahipun dumugi ngriku sami ngatos-atos, malah kapitadosanipun têtiyang ing ngriku, dipun wastani papan ingkang wingit.

Mirid dêdongenganipun ing kina, laladan sagantên alit ing ngriku punika sakalangkung rêsah,

--- 1594 ---

kêrêp dipun ambah ing bajag laut ingkang ngantos rêraton, môngka ing kala punika, ing lautan ngriku punika gêsang kados margi lampahing lautan, saking tanah Pasundhan iring wetan dhatêng Jawi Têngah. Mila sarêng tuwuh rêrêsah kados makatên punika adamêl pêjahing margi ing lautan ngriku.

[Grafik]

Caraning têtiyang ing Mutihan ngêpe ulam.

[Grafik]

Tiyang èstri nuju ngêpe urang.

Malah para bajag wau botên trimah ambajag ing sagantên kemawon, ugi purun nêmpuh dhatêng dharatan punapa, satêmah damêl kirang têntrêming têtiyang ingkang manggèn ing ngriku. Panêmpuhipun para bajag wau botên trimah ngangkah bôndha kemawon, ugi mawi ngrisak ambêsmi griya, mlajêngakên tiyang kadadosakên rencang tumbasan, patrapipun sampun botên mawi èrèp dhatêng sintên kemawon. Lêlampahan punika pinanggih kala ing jaman Kumpêni.

Ingkang makatên punika tumraping têtiyang ing laladan Banjar sisih kidul, tuwin Banyumas sisih kidul rumaos sami tintrim. Pinanggihipun kala ing taun 1809 ing laladan ngriku punika sakalangkung sêpên, têtiyangipun sami pindhah dhatêng papan ingkang têntrêm. Têtiyang ingkang sami ngungsi wau kirang langkung wontên tiyang 1200012. èwu. Dene têtiyang ingkang kêjarah dening golongan bajag, kirang langkung wontên 1500.

Kala samantên ing Nusakambangan inggih kathah tiyangipun, nanging ugi lajêng sami ngungsi, ngantos ing pulo ngriku pinanggih suwung. Dene dununging gêgrombolanipun bajag laut wau wontên ing Sunglon Cilacap. Kacariyos bajag wau sami têtiyang saking tanah sabrang, Johor, Riyo tuwin tanah Manilah. Lampahing bajag numpak baita mawi damêl mriyêm, nungsung ing lèpèn-lèpèn ngantos lêbêt,

--- 1595 ---

tansah anjarah rayah. Cêkakipun bajag wau ngantos katingal madêg santosa yêktos, purun nêmpuh saya nêngah.

Pambudi tuwin rekadayanipun tiyang ing ngriku, botên wontên sanès kajawi namung ngungsi. Nanging dangu-dangu inggih lajêng ngawontênakên pajagèn manggèn ing sagantên ingkang cèthèk, inggih punika ing sagara anakan, lajêng damêl griya wontên ing ngriku, acagak kathah, dhasar ing ngriku botên kêkirangan kajêng, saha inggih lajêng wujud griya. Dene dangu-dangu inggih lajêng dados papan pajagèn sayêktos, prêlu kangge ngintip dhatêng lampahing bajag.

Sarêng ing papan ngriku wau wontên griyanipun pajagèn, sagêd adamêl kêndhêking bajag, makatên ugi lajêng sagêd damêl têtêging têtiyang kanan keringipun ngriku, saha lajêng kathah ingkang tumut manggèn ing ngriku.

Sasampunipun têntrêm yêktos, papan pajagèn wau botên kasuwak, malah lajêng sagêd dados dhusun, jiwanipun tansah mindhak-mindhak. Dene baku pangupajiwanipun têtiyang ing ngriku sami misaya ulam, awit ing sagantên laladan ngriku punika kathah sangêt ulamipun. Angsal-angsalaning ulam wau lajêng dipun pe ngantos garing, wontên ingkang dipun gèsèk, urangipun ingkang agêng-agêng dipun krese, wontên ingkang dipun traos. Inggih babagan ulam wau ingkang lajêng dados padagangan agêng, kathah tiyang ingkang kêcêkapan. Panyadening padaganganipun dhatêng Cilacap, malah dangu-dangu dipun lurugi ing bôngsa Tionghwa numbasi pamêdalipun ulam ing ngriku. Danguning dangu, ugi lajêng wontên bôngsa Tionghwa ingkang gêgriya ing ngriku, atêtês ngagêngakên padaganganipun, ngiras sêsadean wontên ing panggenan wau.

Papan ingkang kados makatên wau kêtêlahipun sapriki nama Pajagan, dene sajatosipun sampun gadhah nama piyambak-piyambak, kados ta: Mutihan, Ujung Alang tuwin sanès-sanèsipun.

Kadukipun ing tata gêgujêngan, têtiyang ing Pajagan punika, sanadyan dèrèng katingal tiyangipun, ambêtipun sampun wontên inggih punika jalaran saking pakulinan gêrèh tuwin traos. Taksih wontên sambêtipun.

Wara-wara

Murih anggampilakên tumindaking padamêlan administrasi, ing wêkdal punika pangintunipun wissêl kothongan dhatêng para lêngganan kasarêngakên wontên Kajawèn, botên kakintunakên piyambak.

Ing pangajêng-ajêng, para lêngganan kaparênga ngintunakên arta rêgining Kajawèn tumuntên, amargi punika nama gêgayutan kalihan prêlu panjênêngan piyambak. Awit manawi botên panjênêngan kintunakên tumuntên, panjênêngan tamtu badhe kêcuwan, dening jugaging Kajawèn ingkang botên panjênêngan tampi.

Tumrap para lêngganan ingkang sampun bayar, satampinipun pos wissêl kothongan wau, botên prêlu kagalih.

--- 1596 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Pêrangipun Tiongkok kalihan Jêpan taksih pinanggih rame, namung tumrap Syanghai sampun kenging dipun wastani dhawah panguwaosing Jêpan, ewasamantên dèrèng kenging dipun wastani têtêpipun makatên, amargi taksih wontên panglawanipun Tiongkok dhatêng Jêpan, ingkang nandhakakên dèrèng suda kapurunanipun.

Namung tumrap pamawasipun Tiongkok, panêmpuhipun Jêpan dhatêng Tiongkok punika kathah tindak ingkang nyulayani tatanan, dados kêbrokanipun ing mêngsah ing laladan Tiongkok, punika tansah adamêl botên narimahipun Tiongkok.

Malah tindakipun Jêpan ingkang makatên wau ugi atêgês angèngingi Inggris tuwin nagari ing Eropah sanès-sanèsipun, awit tindakipun Jêpan katingal anggèning sarwa ngrèmèhakên.

Panêmpuhipun Jêpan dhatêng ing pundi kemawon katingal anggèning sêrêng tuwin lumintu, mila dangu-dangu sagêd nyakêti Nanking, prajurit-prajurit ing bètèng saurutipun lèpèn Yang Ce, sami botên kuwawi nanggulangi panêmpuhipun Jêpan, sagêdipun nanggulangi namung sawatawis minggu kanthi nêmahi karisakan agêng, inggih tiyang tuwin papan panggenanipun.

Ing sapunika Tiongkok ngrumaosi bilih anggènipun pasulayan kalihan bangsanipun piyambak ngantos pintên-pintên taun. Pinanggihipun adamêl kapitunan agêng yêktos, inggih punika ngantos angweyakakên kasantosanipun piyambak, samôngsa pêrangan kalihan sanès nagari. Nanging ugi wontên pangimuripun, dene sarêng wontên pêrangan punika sawarnining golongan ingkang rumiyin pêpêrangan kalihan tunggil bôngsa, lajêng pinanggih nunggil anglawan dhatêng mêngsahipun ingkang yêktos.

Tumrap ing laladan Nanking, ing sauruting lèpèn Yang Ce, pinanggih kuciwa dene botên dipun tata kados laladan ing golonggolongan. abrit ingkang dipun senapatèni dening Cu Tèh tuwin Mao Ce Tung. Saupami rumiyin-rumiyinipun parentah Nanking nênuntun golongan tani dhatêng tata kaprajuritan kados golongan abrit wau, tamtu Jêpan botên sagêd angêbroki papan kados ingkang pinanggih ing sapunika. Awit tumrap paprangan punika, botên sagêd namung dipun awaki dening golongan militèr thok, kêdah dipun tindakakên dening rakyat Tiongkok sadaya, tuwin kêdah ngawontênakên tatanan pêpalihan ingkang tumuju dhatêng golongan tani. Môngka tumraping Nanking, mèh dèrèng wontên golongan tani ingkang malêbêt dhatêng babagan paprangan.

Sarêng sapunika Mao Ce Tung wontên ing Nanking, lajêng nindakakên tuntunan tumrap dhatêng golongan tani malêbêt dhatêng golongan prajurit. Ing ngriku kintên-kintên badhe sagêd mêmulih kasantosanipun Tiongkok. Manawi ngèngêti kawontênan ingkang kados [ka...]

--- 1597 ---

[...dos] makatên punika, paprangan ing Tiongkok botên badhe rampung sasampunipun bêdhahing Nanking.

[Iklan]

Miturut wartos ing bab kawontênanipun ing paprangan, asor unggulipun taksih pinanggih gêgêntosan, mila dèrèng sagêd nêtêpakên asor unggulipun ingkang yêktos. Kawontênan ingkang kados makatên punika, kenging kangge tôndha saksi anggèning wadya Tiongkok purun rêrêmpon.

Paprangan Tiongkok ing wêkdal punika, katingal sangêt bedaning tekadipun bôngsa Tionghwa, anggèning mantêp ing manah yêktosan, botên kengguh dening mêmanising rêmbag. Jêpan ugi tansah ngrêmbagi murih sagêd rukun, malah wontên rêmbag ingkang lumantar Jêrman punapa, nanging Tiongkok puguh botên nêdya ngewahi tekadipun, awit sawarnining rêmbag kamanah botên wontên ingkang maligi raos ngajak rukun sayêktos, sadaya taksih mawi kamoran pakolih. Dados gêlênging tekad, anggèning wadya Tiongkok ngêkahi Nanking, punika botên lugu nêdya ngêkahi makatên, ugi mêngku gêlar badhe ngobètakên pabarisanipun ing wingking.

Miturut wartos ing tanggal 10 wulan punika, wadya Jêpan ngêtog panêmpuhipun dhatêng Nanking, suwaraning sanjata mêsin ngumandhang ngèbêki gêgana, mriyêm-mriyêm tuwin bom gêgana tanpa kèndêl. Wadya Tiongkok panggah anggènipun nanggulangi, kuwawi nadhahi panêmpuhipun mêngsah. Namung sawarnining gêdhong saindênging kitha sami kêbêsmi, latunipun kantar-kantar kados sundhul ing langit, kukus pêtêng anungkêp kitha.

Saya dangu kawontênanipun Nanking saya ringkih, kathah tiyang ingkang sami ngungsi dhatêng sanès panggenan, pados papan ingkang langkung santosa, namung para ingkang kajibah têtêp anggèning nanggulangi dhatêng panêmpuhing mêngsah, badhe ngrungkêbi kaprawiraning prajurit.

Kados makatên kawontênanipun Tiongkok ing wêkdal punika.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4518 ing Nyidran. Wissêl f 3.- sampun katampi, tanjanipun tumrap kuwartal II saha III taun '38. Gambar dèrèng rampung.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2739. Ingkang ngêdalakên buku Javaansch-Nederlandsche Gesprekken toko buku W.J. Thieme & Cie Zutphen nagari Walandi. Rêginipun f 1.75 ingkang samak kandêl f 2.10.

--- [1598] ---

Sênenjong Godhog

Garèng : ayo, Truk, timbangane ngrasakake bab dalêbar, barang lan dhuwite bubar, saiki padha dopok-dopokan, iya ora prêlu ngrêmbug prakara sing dakik-dakik lan sing mlêdhing-mlêdhing, prakara sing salilah tangala bae, anggêre bisa gawe sênênging ati...

Petruk : yak, kang Garèng, prakara sing mlêdhing-mlêdhing kuwi sing kêpriye, lan sing diarani: prakara sing salillahi tangalah kuwi sing kaya ngapa. Nèk têmbung: krana Allah, hla kuwi aku wis tau krungu, kaya ta nyuguhi dhayoh sarana diacarani: môngga, yah, krana Allah kemawon, kuwi karêpe saadhah adhanyah...

Garèng : wong kowe kuwi wis kakehan anggone klêbon mêrtega lan kèju, mulane nyang prasêmon sing lungit-lungit kowe iya ora bisa nyandhak, kaya ta prakara sing mlêdhing-mlêdhing, kuwi karêpe mangkene:

Kowe mêsthine iya wêruh kapracayane bangsane dhewe kiyi, yèn lumaku ing wanci bêngi ngliwati kuburan sing kacêluk akèh mêmêdine, supaya aja nganti diganggu gawe ing mêmêdi, kudu nglakoni mak plêdhing. Hara, ingatase bangsane dhewe iki sugih susila, têka nganti gêlêm anglakoni mak plêdhing, têgêse bukak rusiyah, nèk pancèn ora gawat têmênan, rak iya ora bakal kalakon, ta. Dadi karêpe prakara sing mlêdhing-mlêdhing, kuwi prakara sing gawat, karêpku sapisan kiyi aja rêmbugan prakara sing gawat-gawat, nanging prakara sing salilahi tangala bae. Masa, têmbung: lilahi tangalah kowe durung tau krungu, dudu wong Jawa ane kowe. Apa kowe ora tau krungu, Truk, pitakoning wong sing mangkene kae: mas, anggènipun kagungan damêl dara wêdana punapa agêng-agêngan. Iki diwangsuli mangkene: botên, dhi, namung salilahi tangalah, iki têgêse sakadare, utawa saana-anane. Dadi rêmbugan prakara sing diarani salilahi tangalah, kuwi karêpe iya rêmbugan prakara saanane bae.

Petruk : e, iya, iya, dadi mêngkono. Nanging apa sing arêp dirêmbug kuwi, arêp ngrêmbug kaanane bakda mêntas iki, pikirane ngolod-olod, sabab dhuwit wis dilabasake, barang barang sing ambêjaji wis padha ngawula nyang pak gêdhe kabèh, arêp ngrêmbug ing bab bakal balanjane para priyayi, githoke ujug-ujug pating prinding...

Garèng : wayah, kathik kaya ditêmoni anak putune Nyai Lara Kidul, githoke nganggo pating prinding. Ora, Truk, sanyatane mono aku arêp takon nyang kowe. Kang kapisan, sabab dening ngapa, ing gang Bungur Jawa nomêr 8 kowe kuwi rak wis manggon ana ing omah omahmu dhewe, têka banjur pindhah nyang Plihpelan nomêr 55, omah sewan, lo, kuwi rak mung ambuwang-buwang dhuwit. Kang kapindho, geneya pindhah bae kathik rong dina sadurunge bakda, saya kênclung manèh, wong pindhah kathik ora kabar-kabar, hla, kiyi apa ora gawe ambêdhêdhêging kabar sanak sadulur lan têpunganamu.

Petruk : yak, kang Garèng pitakonan kathik rete-rete mêngkono, ambok iya saka siji. Nèk sêga, jangan, sambêl gorèng,

--- [1599] ---

Opor pitik lan sapanunggalane, didadèkake siji, anggone nandangi iya kêpenak, wong iya dadi sêga ramês, balik nandangi pitakon pirang-pirang didadèkake siji, iki rêkasa, kang Garèng, mulane pitakonamu mau tak wangsulane saka siji. Pitakonmu kang kapisan, ya iku sabab-sababe aku pindhah saka gang Bungur Jawa, iku mangkene:

Pancène mono ana ing kono aku iya wis krasan bangêt, kang Garèng, dhasar omahku pancèn iya gêdhe dhewe, lan pangrasaku cara Banyumas iya kanjat dhewe. Apa manèh adhimu, makne Kamprèt anggone ngatur omah dicara Radèn Rôngga Sastra Wilêm.

Garèng : wayah, iki modhèl apa, ana omah kathik diatur cara Radèn Rôngga Sastra Wilêm.

Petruk : sanadyan jênêng Sastra, nèk ngarêpe nganggo diatêr-atêri Radèn Rôngga, kuwi gênah bangsane priyayi, ing buri dikèki panambang Wilêm jênêngan Walônda, dadi karêpe anggone nata omah mau, iya nembak priyayi, iya nembak Walônda.

Garèng : ngrêti aku saikine, Truk, panatane omah nembak cara Walônda, kuwi lêmarine dikêbaki sawêrnaning inuman, kaya ta limun, aer Blandhah, bir, konyak, jênèwêr, lan sapêpadhane, dadi yèn kêtamuan bisa nari mau minum apah. Dene pranatane nembak cara priyayi, kuwi saênggon-ênggon disadhiyani... meja thothitan.

Petruk : we, hla sêmbrana, kathik sing dijupuk tuladhan sing ngajak ora omah bae. Luwih luwih anggone ngunèkake nembak priyayi, ing ngêndi-êndi panggonan disêdhiyani meja thothitan, apa rumasamu kuwi anggêre priyayi dhêmên ngabotohan apa, lo ora mèmpêr. Nèk ana priyayi sok ngasta krêtu, kuwi ora kêna diarani ngabotohan, kang Garèng, nanging kasukan, têgêse mung kanggo suka-suka, kanggo nyênêngake panggalih.

[Grafik]

Mulane iya arang-arang sing sadhiya meja mainan kuwi, maine ana ing kamar bolah, kang Garèng, utawa ênggon wong duwe gawe, ênggon bayèn, lan sapanunggalane. Lan kasukane mau iya nganggo duga prayoga, nèk kabênêr kalah, kadhangkala iya mung... sagajihan, ora akèh, kang Garèng.

Garèng : ha iya, wong iya priyayi, sing akèh mula iya sagêd pra balônja nèk mung sêsasi rong sasi bae, wong iya sagêd sugêng sarana... bon.

Petruk : wayah, kok banjur rupa-rupa mangkono. Rungokna tak omongi sing diarani omah-omah nembak priyayi, iya nembak Walônda, kuwi mangkene:

Nembak Walônda, kuwi anggone rêsik

--- [1600] ---

mlisdring, kincling-kincling, nècis lan sapadhane. Nanging kanggone wong Jawa, omah-omah nembak Walônda babarpisan, kuwi kurang utama. Awit lumrahe bôngsa Walônda kuwi nèk omah-omah dipas, têgêse anggêre cukup kanggo kaprêluwane dhewe, dadi nèk kadhayohan sing nginêp upamane, kadhang-kadhang tamune iya sok diaturi sare... nyang hotèl, mulane kudu uga nembak priyayi, sukur bage bisa nembak, ndara, têgêse bisa ambênderani (angayomi) sanak sadulure. Karêpe anggone omah-omah sabisa-bisa kudu sing kobèt, prêlune nèk ana sanak sadulur utawa têtêpungan golèk pangayoman (panginêpan) ing kono, bisa ngêwèhi, kanthi sênêng...

Garèng : dadi cêkak aos, kalane kowe manggon ing gang Bungur Jawa, kuwi ngrumasani omahmu kobèt kaya dalême ndara priyayi, lan gêmrining kaya omahe ndara tuwan Lônda. Wah, anggêpe kathik kaya ndara pangeran sing wis modhèrên bae, dhasar bèr budi, sugih dhuwit, wong iya pangeran, kathik kagawa saka pangajarane modhèrên, iya wis Lônda blèjèt.

Petruk : aja nglulu, kang Garèng. Pancène mono iya mula bênêr, ana ing gang Bungur Jawa kono aku rumasa sênêng lan gêdhe atiku, dhasar omahku gêdhe, kathik ditata sajak êmbêlandhain, dadi iya wis mathuk saupama ing kampung kono omahku diarani dalême... mas lurah, apês ambalêbês iya diarani dalême... mas kêbayan.

Garèng : ha iya, malah nèk ana bêgjane, omahmu bisa uga diarani dalême... mas juru kunci.

Petruk : wayah, apa ana ing kuburan, kathik diunèkake omahe juru kunci. Cêkake, kang Garèng, pancène mono aku mula iya wis bêtah bangêt ana ing kono. Sarta ana ing kono aku iya ngrumasani wis tumindak adil, têgêse ing sarèhne aku manggon ana ing kampung, aku kêpengin anduwèni wêwênange wong kampung, wis mêsthine aku iya saguh nindakake sing dadi kuwajibane wong kampung, dadi ana ing kono aku iya mung mela-mèlu bae, kaya ta: urunan dhuwit kanggo waragad panjagan kampung, iya mèlu, malah aku iya mela-mèlu bae, diajak... kêndurèn lan brêkatan.

Garèng : sambêr gêlap ping salusin, aku bae iya gêlêm bangêt, nèk diajak kêndurèn kuwi. Ora, Truk, nèk nitik unimu kabèh kuwi mau, ana ing gang Bungur Jawa kowe wis bêtah, hla, genea têka kowe pindhah.

Petruk : apa-apane iya pancèn wis nyênêngake, kang Garèng, mung bae ana prakara sing ora agawe sênênging atiku utawa atine adhimu, makne Kamprèt, ya kuwi ingatase aku manggon ana ing kono kuwi kurang luwih wis sangang sasi, rumasaku dening tôngga têparoku, aku lan adhimu têka têrus-têrusan anggone dianggêp kayadene... kewan sing anèh. Buktine: anggêr aku lan adhimu mêtu, apa manèh yèn macak, tôngga têparo iya padha mêtu prêlu... nonton.

--- 1601 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI

R.T. Jaksadipura seda. Kala tanggal 10 wulan punika R.T. Jaksadipura, bupati anom Jaksa Pradata Gêdhe ing Surakarta, seda, yuswa 42 taun. Panjênênganipun punika golongan priyagung ingkang sumrambah pasrawunganipun, punapadene sagêd ngêmori dhatêng ebahing jaman. Ing pamuji mugi rohipun tinampèna wontên pangayunaning Pangeran.

Ingkang bupati ing Magêlang badhe lèrèh. Miturut wartos, benjing wiwitaning taun ngajêng punika, panjênênganipun R.A.A. Danusugondo, ingkang bupati ing Magêlang badhe lèrèh saking anggènipun jumênêng bupati, kanthi pènsiun.

Pulisi ing Sêmarang ambêskup buku-buku. Pulisi ing Sêmarang mêntas ambêskup buku-buku ing toko Ho Kim Joe cacah 1729 iji. Buku samantên wau wontên warni tiga, amargi buku-buku wau isi ing bab ingkang botên andadosakên kaparêngipun nagari.

H.B.S. ing Ngayogya kêkathahên murid. Miturut wartos, sarêng H.B.S. ing Ngayogya kabikak, kathah murid ingkang nêdha malêbêt, ing mangka klasipun namung wontên kalih panggenan. Ingkang punika pangagênging pamulangan wau lajêng gadhah atur dhatêng Departement Pangajaran, benjing taun pangajaran 1938, kaparênga dipun wêwahi klas tiga.

Pamulangan dagang têngahan ing Surakarta. Miturut wartos, awit saking kaparênging parentah nagari Surakarta, badhe ngêdêgakên pamulangan dagang têngahan, badhe nampèni murid wêdalan saking Mulo tuwin pamulangan sanès-sanèsipun ingkang kasamèkakên. Adêging pamulangan wau sadaya badhe dados têtanggêlanipun parentah nagari Surakarta.

Pamêdal siti ing Jawi Wetan. Ingkang pinanggih ing Jawi Wetan, ing Bojonêgoro wontêning sabin kathah ingkang botên kêmêdalan, jalaran saking sangêting hawa bêntèr, inggih punika ingkang pinanggih wontên ing kwartaal kapisan ing taun punika. Ing salêbêtipun wulan Augustus sabin ingkang botên kêmêdalan wontên malih ingkang oyodipun bosok 100 ha. Kajawi punika kathah tanêman jagung. Tumrap Surabaya wontên bêna ingkang ngêlêm pasabinan ing Bonoworo 2100 ha. kajawi punika taksih wontên 3600 bau, têgalan warni-warni wontên 1000 bau, ingkang taksih wontên ama sanès-sanèsipun kados ta tikus, ingkang ugi pinanggih ing bawah Mojokêrto tuwin Jombang.

Sêsakit malaria ing Bantên. Ing bab babagan kasarasan ing Bantên sisih lèr, inggih punika bab sêsakit malaria, pinanggih sampun suda 25 pCt. Tumraping rêrigên, ing sabên dhistrik dipun dèkèki mantri ingkang nindakakên propaganda dhatêng ing dhusun-dhusun ing bab caraning nanggulangi sêsakit malaria kanthi nyukani jampi dhatêng têtiyang ingkang kêtrajang sêsakit wau. Sarêng wontên tindak makatên, cacahipun tiyang sakit suda ngantos 50 pCt.

Prijs loterij ingkang dados prakawis. Sampun kawartosakên bilih ingkang angsal loterij ingkang mêntas kabikak ingkang agêng piyambak, punika tiyang ing Padangpanjang. Ing sapunika lajêng dados prakawis, amargi loterij ingkang angsal wau dipun lintoni dening tiyang ingkang sade, cariyos manawi badhe dipun cocogakên rumiyin.

N.I.S. nyukani blanja mirunggan. Benjing wêkasaning wulan punika N.I.S. badhe nyukani blanja mirunggan satêngah wulan dhatêng para punggawanipun.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan R. Marnoto alias Rêksomarnoto, juru sêrat klas 1 wêdana Bumiayu, Kabupatèn Brêbês, Paresidhenan Pêkalongan dados mantri pulisi Paresidhenan Pêkalongan.

Ulam ingkang panjangipun 20 m. Ing sacêlakipun Karangtêngah, Nusakambangan, nalika toyaning sagantên nuju surut, pinanggih wontên ulam agêng glebagan, ulêsipun klawu. Panjanging ulam wau wontên 20 m. Salajêngipun ulam wau dipun sanjata kawan rambahan, lajêng pêjah.

Kawangsulakên saking Digul. Awit saking kaparêngipun parentah, wontên tiyang bucalan ing Digul cacah 23 badhe kawangsulakên mantuk dhatêng nagarinipun.

Pakêmpalaning tiyang wuta. Kala tanggal 2 wulan punika ing Ngayogyakarta madêg pakêmpalaning golongan tiyang wuta. Warganipun pangrèh 5 ugi sami wuta. Ancasing pakêmpalan badhe ngrakêtakên pasadherekan sasamining tiyang wuta, têtulung tuwin sanès-sanèsipun.

Panyadean kajêng ing tanah ngriki. Ing wêkdal punika panyadean kajêng jati ing tanah Jawi ingkang majêng piyambak tumrap ingkang dipun sade dhatêng Jêpan. Malah miturut papriksa, kajêng wau pêrlu dipun jogi kajêng saking tanah Sabrang. Nanging ing sapunika panyadean kajêng dhatêng Jêpan wau suda, mila ingkang wajib anggalih pêrlu sagêdipun nyade kajêng wau dhatêng Eropa, saha wontên wartos bilih ingkang wajib badhe ngawontênakên pabrik dalancang ingkang badhenipun kajêng, wontên ing Jawi Têngah utawi Jawi Wetan. Tumrap pabrik dalancang ingkang sampun, punika badhenipun damèn. Dalancang ingkang badhenipun kajêng punika kangge dalancang ingkang kiyat, kados ta kangge kanthong sapanunggilanipun.

Bab golongan ambalela ing Ceram. Ing bab têtiyang ambalela ing Ceram sampun kapriksa prakawisipun dening Raad ingkang katindakakên dening para kêpala ing Piroe, pangarsanipun Tuwan controleur J. Stevens saking Ambon. Wontên pasakitan tiyang sakawan ingkang kaukum ngênêm taun, satunggal kaukum gangsal satêngah taun, kalih anggangsal taun tuwin tiyang sakawan kukum ngawan taun. Sanès-sanèsipun nigang taun. Sadaya sami kaukum kunjara.

Pabrik dlancang ing tanah Gayo. Awit saking rekadayanipun pangajênging Gouvernements Landbouwbedrijven, nyinau ing bab damêl dlancang ngangge badhe kajêng wêdalan parêdèn pinus merkusi ing Takengon. Nanging ing bab punika taksih dipun rêmbag ing prayoginipun. Dene kajênging damêl dlancang wau gêgayutan kalihan wontênipun pabrik gandarukêm tuwin terpentijn ing tanah ngriku.

Pamulangan luhur doktêr. Lulus arts examen perangan kapisan, Tuwan Sutikno Prawirosastro tuwin R. Subiyakto Wiryokusumo. Katêtêpakên dados arts, Nona Mudinêm. (Mriksanana karangan ing Jagading Wanita).

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana paring darma. Kawartosakên, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana aparing darma dhatêng Centraal Comite voor Steun aan Werkloozen kangge têtiyang angguran, kathahipun f 1000.-.

Pados lisah pèt ing Borneo. Kawartosakên B.P.M. saèstu pados lisah pèt wontên ing afdeeling Kapuas-Barito, Paresidhenan Borneo sisih kidul wetan. Sêdya punika pancèn sampun dangu, sawêg kêlampahan sapunika.

Darma saking bangsa Arab ing Bêtawi. Bangsa Arab ing Bêtawi sampun sagêd ngintunakên arta dhatêng kantor bank ing Mêsir kathahipun 200 pondsterling, kangge darma dhatêng bangsa Arab ingkang kasangsara ing Palestina.

--- 1602 ---

Panenan kapas ing Dêmak suda. Miturut wartos, kawontênanipun panenan kapas ing bawah Dêmak ing taun punika suda tinimbang kala ing taun kêpêngkêr. Dene jalaranipun, kala ing wulan October kêpêngkêr kêkathahên jawah. Angsal-angsalaning panenan wau namung saprasakawanipun kala ing taun 1936.

Propaganda paboyongan ing Lampung. Benjing salêbêtipun taun 1938 Kabupatèn Purbalingga gadhah niyat badhe ngintunakên tiyang dhatêng papan paboyongan ing Lampung kathahipun 3000 jiwa. Ing bab punika ingkang wajib mawi ngawontênakên propaganda dhatêng dhusun-ngadhusun ingkang dipun tindakakên dening wêdana, asistèn wêdana, makatên ugi para schoolpziener tuwin guru-guru.

Badhe ngêdêgakên tandha pangèngêt-èngêt. Pakêmpalaning golongan pènsiunan militèr tiyang siti ing Salatiga, nêtêpakên badhe ngêdêgakên tandha pangèngêt-èngêt benjing samangsa Sri Paduka Prinses Juliana kagungan putra. Waragadipun kintên-kintên f 500.-. Waragad samantên wau badhe dipun sanggi dening para warganing pakêmpalan.

Papan anggêgana ing Sêmarang. Ing bab pandamêling papan anggêgana ing Sêmarang dipun undurakên, jalaran saking nyarêngi mangsa jawah. Papan ingkang dèrèng dipun siram ing pasir wontên 120.000 mètêr kubuk. Ing bab punika parentah anggalih tumrap dhatêng kawilujêngan. Nanging aannemer ingkang anggarap gadhah sêdya badhe nglajêngakên kanthi patrap sanès, dados sagêd nêtêpi kados prajanjianipun. Mangka manawi padamêlan punika kandhêg, badhe tampi dhêndhan f 150.- sadintên, saha papan anggêgana wau botên rampung wontên ing sadèrèngipun wulan October taun 1938.

Boschbouwschool. Kawartosakên, Departement van Economische Zaken badhe ngadani ngêdêgakên pamulangan kawruh ngupakara wana (Boschbouwschool) kalih warni. Satunggal calon architect wana, manggèn ing Bogor satunggalipun calon opzichter, manggèn ing Malang.

Telegram saking Sri Paduka Prinses Juliana. Miturut pawartos praja, Sri Paduka Prinses Juliana kintun telegram dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, ingkang suraosipun: mahyakakên tarimakasih dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana anggèning ngaturakên pamuji arja dhatêng kasugêngan dalêm Prins Bernhard anggèning manggih bêbaya.

Botên saèstu kadhêndha. Ing Kajawèn nomêr 90 martosakên ing bab Tuwan W. sudagar bathik ing Singasarèn, Surakarta, katêtêpakên ambayar loonbelasting f 2748.30, jalaran pambayaripun loonbelasting botên salêrêsipun. Ing sapunika wontên wartos bilih tindak wau kêlintu, arta sadaya wau sampun kaparingakên wangsul dening ingkang wajib, saha punggawa ingkang nindakakên padamêlan wau dipun kèndêli saking padamêlanipun.

Arêng bathok. Miturut wartos ing bab cobèn-cobèn migunakakên arêng bathok kangge momoraning pandamêlipun topèng gas racun, pinanggih prayogi. Mila arêng bathok wau ing sapunika dados padagangan ingkang agêng. Tumrap bawah Ngayogya dumuginipun bawah Kroya, sawulan-wulanipun sagêd ngêdalakên arêng bathok ngantos 500 ton mêdal Cilacap.

EROPA.

Kasangsaran sêpur. Miturut wartos saking Londen, ing Castle Cary mêntas wontên kasangsaran sêpur, kintên-kintên adamêl tiwasing tiyang 32, dene ingkang sampun pinanggih mayitipun wontên 24, sanès-sanèsipun taksih dipun padosi. Nanging tindak punika sakalangkung rêkaos, amargi kasangsaran wau kêmoran kêbêsmèn, kêpêksa mawi pitulunganipun pompa kêbêsmèn. Tiyang ingkang kêtaton pinanggih wontên 40. Wiwit taun 1915 kasangsaran sêpur punika kapetang ingkang agêng piyambak.

Sri Nata Inggris badhe mêdhar sabda ing radio. Miturut padatan Nata Inggris suwargi, sabên Kerstmis kaparêng mêdhar sabda wontên ing radio. Ing bab punika ugi badhe katindakakên ing panjênêngan nata ingkang jumênêng sapunika, nanging namung badhe cêkakan, wanci jam 3 saking Sandringhouse, ing panggenan ingkang pinuju kagêm nglêrêmakên sarira.

NAGARI WALANDI.

[Grafik]

Kampiun catur. Wontên wartos bilih Dr. Aljechin anggèning têtandhingan main catur kalihan Dr. Euwe ngrêbat kampiun, sagêd mênang. Dados Dr. Aljechin punika nama kampiun. Ing nginggil punika gambaripun Dr. Aljechin punapadene pirantosipun main catur.

Bab gêrah dalêm Prins Bernhard. Miturut wartos ingkang kantun piyambak, gêrah dalêm Prins Bernhard saya sênggang, sagêd sare sakeca tuwin dhahar eca. Gêrah dalêm mastaka sampun botên adamêl jalaran punapa-punapa.

Pangupakara benjing samangsa Sri Paduka Prinses Juliana ambabar. Miturut wartos saking Den Haag, ing benjing pambabar dalêm Sri Paduka Prinses Juliana badhe andhatêngakên verpleegster saking Bronovo 2.

Kuburan ingkang nyamar. Ing Brêdha pinanggih wontên kuburan ing salêbêting greja agêng ingkang dumugi sapunika sawêg kasumêrêpan. Namung ing pandugi, ingriku punika pasareanipun darah Nassau ingkang kawitan. Ing salajêngipun dados papriksan praja.

AUSTRALIE.

Sêsakit lumpuh. Miturut wartos ing Victoria, Australie, tuwuh sêsakit lumpuh lare alit. Wontênipun lare ingkang kêtrajang 1000 tiwas 57, sêsakit wau lajêng sumrambah. Ing bab sêsakit punika kasamarakên manawi ngantos tumular dhatêng nagari sanès.

--- 1603 ---

Wêwaosan

III Lêlampahanipun Ilya

33

Pêkir lajêng enggal-enggal nguculi panganggenipun, inggih punika: jubah, tudhung, tuwin sêpatu, saha lajêng kasukakakên dhatêng Ilya sadaya. Dene anggènipun nampèkakên têkênipun dipun tojohakên ing siti sora sangêt, ngantos tumancêpipun ing siti lêbêt sangêt, lan ngêmungakên cêpênganipun ingkang taksih thonglang-thonglang katingal. Salajêngipun, Ilya nuntên mangangge cara pêkir wau, sarta lajêng wicantên dhatêng Iwanice makatên:

Saiki kowe manganggoa sandhanganaku, Iwanice, mêngkono uga sêpatuku iki ênggonên. Sauwise jaranku kiyi tunggangana, lan tumuli banjur lungaa mênyang ing watu gêdhe sacêdhake pasarean kuna kae. Ing kono kowe ngêntènana têkaku. Dene aku dhewe sumêdya arêp nyang Kiyèp prêlu arêp ngukum Idholice anggone duwe tindagtindak. ambêksiya kuwi mau. Sauwise aku bakal anggolèki kowe ana ing panggonan kang wus tak kandhakake ing ngarêp, ing kono mêngko sandhanganamu bakal tak balèkake manèh.

Sasampunipun cariyos makatên wau, saha sasampunipun Iwanice ngrasuk panganggenipun Ilya, Ilya lajêng angrencangi anggènipun Iwanice numpaki kapalipun, salajêngipun, Ilya nuntên mriksa lapak tuwin sônggawêdhi punapa taksih kêncêng, saha lajêng nyêmêthi kapalipun. Sanalika kapal lajêng ngadêg saha ambandhang sarosanipun. Kanthi kamigilan, Iwanice nyêpêngi lapak, lan saya gilapên malih sarêng nyumêrêpi rikating lampahipun kapal, ingkang anjalari kadosdene sadaya ingkang tiningalan punika sami mubêng. Ing kala punika Iwanice kêpengin sangêt supados sagêda dhawah. Nanging ingkang makatên wau botên sagêd, awit kala Ilya nitipriksa kawontênanipun lapak tuwin sônggawêdhi wau, sajatosipun kalihan ngêrut, Iwanice wontên ing lapak ngriku. Ngêmungakên manawi lapakipun wau ucul, Iwanice sagêd dhawah ing siti.

Ilya nyawang sakêdhap dhatêng kawontênanipun Iwanice anggènipun numpak kapal wau, saha lajêng mèsêm. Sasampunipun lajêng narik têkên ingkang tumancêp ing siti wau, saha lajêng lumampah nuju dhatêng Kiyèp. Sadumuginipun ing Kiyèp, lampahipun têrus dhatêng kadhaton, wontên ing ngandhaping jandhela kadhaton, Ilya lajêng nyuwara sora sangêt makatên:

Dhuh Prabu Wladhimir, mugi paringa wêlas dhatêng tiyang pêkir kados kula punika. Mugi krêsaa paring têdha, tuwin arta sakadaripun, minôngka kangge sangu kula nyêmbah ing Pangeran.

Suwaranipun Ilya wau saking soranipun ngantos adamêl orêging tembok karaton, para pangeran lan para prajurit ingkang kalêrês sami bojana andrawina wontên salêbêting kadhaton ngriku, saking kagètipun, kathah ingkang lajêng sami dhawah saking kursinipun. Dalasan, Idholice kemawon ugi kagèt kalangkung-langkung. Idholice enggal-enggal dhatêng jandhela, nglongok mangandhap, nêdya ningali wujuding tiyang ingkang nyuwara sora makatên wau, sasampunipun lajêng murugi Prabu Wladhimir sarta lajêng cariyos makatên:

He sang prabu, wong pêkir ing nagaramu kene kiyi têka bisa sêru bangêt pambêngoke. Mara, undangên lumêbu mrene.

Sanalika Prabu Wladhimir jumênêng saking palênggahanipun, tindak nuju dhatêng jêndhela, saha lajêng dhawuh dhatêng Ilya ingkang ngemba tiyang pêkir wau, makatên: He, wong pêkir, tumuli lumêbua ing bangsal gêdhe kene.

Kalayan ambikak tudhungipun, Ilya lajêng lumêbêt ing kadhaton. Sarêng dumugi ing salêbêtipun bangsal agêng, Ilya andhingklukakên badanipun tumuju dhatêng Prabu Wladhimir tuwin sang pramèswari, salajêngipun nuntên suka urmat dhatêng para pangeran, para satriya tuwin para prajurit, namung dhatêng Idholice, Ilya botên suka urmat babarpisan.

Idholice apitakèn: He pêkir, apa kowe sing nyuwara sêru bangêt mau. Tutura sablakane: sapa kowe iku. Yèn andêlêng panganggomu, pantêse kowe kuwi wis tuwa. Nanging yèn andêlêng lakumu, cêtha wela-wela, yèn lugune kowe kuwi isih ênom. Ayo, tumuli kôndhaa nyang aku, sapa jênêngmu, lan saka ngêndi pinangkamu.

Ilya amangsuli: Pinôngka kula punika saking kitha Murom, dene padamêlan kula namung ambêlayang anjajah ing saindênging nagari Ruslan ngriki.

Idholice: Yèn pinangkamu kuwi saka kutha Murom, lan gawemu mung ambêlayang ngidêri praja Ruslan kene, mêsthine kowe iya wis tau wêruh karo sawijining prajurit kang aran Ilya. Caritakna nyang aku: kaya apa wujude prajurit iki, lan dêdêg piadêge apa gêdhe.

--- 1604 ---

Ilya: Sampun têmtu yèn kula sampun nate sumêrêp dhatêng prajurit ingkang nama Ilya wau. Mênggah dêdêg piadêgipun botên agêng. Manawi panjênêngan kêpengin priksa wujudipun Ilya, kula aturi mriksani dhatêng kula kemawon. Sabab polatanipun, punapadene dêdêg piyadêgipun, pakulitanipun pisan, sampun mèmpêr kalihan kula punika, dalasan panganggenipun inggih botên beda kalihan kula.

Idholice apitakèn malih: Apa kowe bisa ngandhakake nyang aku, sapira tadhahe Ilya kuwi, yèn mangan utawa yèn ngombe.

Ilya: Mênggahing Ilya, punika manawi nêdha utawi ngombe botên beda kados tiyang limrah. Manawi piyambakipun sampun nêdha roti sairis, lajêng kêpengin nêdha sairis malih. Dene manawi piyambakipun sampun nêdha roti kalih iris wau, inggih lajêng sampun tuwuk. Manawi piyambakipun sampun ngombe anggur sagêlas agêng, asring kêpengin ngombe sagêlas malih. Namung manawi sampun ngombe anggur kalih gêlas inggih sampun cêkap.

Idholice gumujêng latah saha lajêng wicantên mêmiringi makatên: Wong kang mung samono tadhahe pangane utawa pangombene, têka kok anggêp sawijining prajurit kang pêng-pêngan. Kliru, pêkir, kliru. Eman bangêt, dene Ilya saikine ora ana ing kene, upama ana ing kene mono, kowe mêsthi bakal bisa anêksèni kadadean kang anèh. Yaiku: Ilya bakal tak galethakake ana ing tanganku kiwa iki, lan sarana tanganku têngên iki banjur tak palènèt nganti mêcèdhèl kêntekan gêtihe. Sauwise bangkene banjur tak damu nganti kabur mrana-mrana. Sabab dudu carane satriya kang pêng-pêngan, yèn mangan lan ngombe mung sathithik samono kuwi. Mulane sawangên aku iki, prajurit kang wus kasuwur ing saindênging jagad mungguhing kadibyane. Lan dêlêngên anggonku mangan lan ngombe. Yèn aku kabênêr ngêlih, tadhahku roti iya têlung grobag. Sauwise aku mangan roti samono mau, aku banjur anggodhog iwak, sathithik-sathithike iya bisa ngêntèkake sapi siji. Yèn aku ngêlak, ora narima yèn mung ngombe anggur têlung èmbèr. Rak iya mêngkono kuwi kang diarani mangan utawa ngombe.

Ilya ingkang ngemba pêkir wau amangsuli makatên:

Ing kala rumiyin Sang Prabu Wladhimir kagungan sagawon kinasih, nanging têdhanipun sakalangkung kathah tanpa dugi-dugi, ing wusana wêtêngipun bêdhah. Ing kala rumiyin sang prabu ugi kagungan lêmbu, ingkang manawi ngombe sagêd nêlasakên toya ngantos pintên-pintên sumur. Ing wusana wêtênging lêmbu inggih lajêng bêdhah jalaran saking kêkathahên ngombe wau. Ingkang makatên punika danguning dangu inggih sagêd kalampahan dhatêng tiyang ingkang nêdha tuwin ngombe sakalangkung kathah. Têgêsipun: dangu-dangu wêtêng sampeyan ênggih mêsthi anjêblug.

Mirêng cariyosipun Ilya ingkang tanpa dugi prayogi wau, nêpsunipun Idholice kagila-gila. Sanalika punika piyambakipun nyandhak golok ingkang lajêng kasawatakên dhatêng Ilya. Prabu Wladhimir, punapadene para pangeran tuwin para prajurit, sakala punika sami sumêrêp, bilih pêkir punika botên sanès kajawi pun Ilya piyambak. Amila kagètipun sakalangkung-langkung, sarêng Idholice nyandhak golok saha kasawatakên dhatêng Ilya wau. Sadaya sami angintên, bilih Ilya tamtu kenging kataman ing golok wau, sarta lajêng dumugi ing pêjah. Nanging botên makatên kawusananipun. Awit pun Ilya tansah prayitna, piyambakipun sagêd angendhani dhawahing golok wau, ingkang lajêng katamplèk sarana têkênipun ngantos dhawah ing jawi angèngingi para wadyabalanipun Idholice ingkang sami pacakbaris wontên ing ngriku. Ing kala punika wontên prajurit kalih wêlas ingkang dhawah ing tiwas. Ing ngriku para wadyabala sanèsipun sami nyumêrêpi, bilih golok ingkang anjalari pêjahing kancanipun kalih wêlas wau, kagunganing gustinipun. Sadaya wau sami gadhah pangintên, bilih gustinipun sawêg wuru malih, saha kados padatanipun lajêng nindakakên patrap ambêgsiya dhatêng para wadyabalanipun piyambak. Sadaya sami garundêlan saha amêmisuh dhatêng gustinipun.

Ilya ing kala punika ngadêg ing sacakêtipun jandhela saha nyumêrêpi kawontênanipun wadyabalanipun Idholice ingkang makatên wau, piyambakipun mèsêm saha lajêng wicantên makatên:

Kêrêp bangêt bapakku mituturi nyang aku mangkene: Anakku, yèn kowe duwe utang, panyaurmu aja pijêr kok undurake bae, mundhak uwong padha ora pitaya nyang kowe.

Kalihan wicantên makatên wau, Ilya nyandhak tudhungipun saha lajêng kasawatakên dhatêng rainipun Idholice. Saking agêng saha awrating bobotipun tudhung, langkung-langkung saking soraning panyawatipun Ilya, tudhung wau sarêng angèngingi rainipun Idholice, sanalika punika Idholice dhawah ing siti, supe ing purwa duksinanipun.

Salajêngipun, Ilya wicantên makatên: Kaya-kaya ora utama bangêt, yèn aku, prajurit ing praja Ruslan, nganti gawe rêgêding kadhaton jalaran saka gêtihing titah, kang dianggêp dadi lêlêthêking donya iki. Mulane wong iki bêcik tak patènane ana ing undhak-undhakan kadhaton bae. Badhe kasambêtan.

--- 193 ---

Nomêr 49, Taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Pamulangan lan Lare Èstri

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 98

Nitik saking orean ing nginggil punika têtela: sanajan tiyang èstri inggih prêlu sangêt sagêd nyêrat, langkung-langkung tumrap ingkang alampah dagang, kasagêdan nyêrat punika botên sakêdhik aosipun.

Samangke kasagêdan maos, tumrap têtiyang èstri inggih agêng sangêt gunanipun, amargi kadhangkala inggih sok tampi sêrat saking sanak-sadhèrèk utawi kadang kulawarganipun ingkang têbih-têbih. Saupami têtiyang wau sami sagêd maos piyambak, tamtu lajêng sagêd nyumêrêpi suraosipun sêrat ingkang dipun tampi punika kalayan tumuntên, botên kapêksa ngêntos-êntosi ngantos dangu utawi botên kapêksa ngrepoti tiyang sanèsipun.

Kajawi saking punika ing jaman samangke kathah sangêt buku-buku ingkang ngêwrat kawruh warni-warni ingkang prêlu sangêt kasumêrêpan dening têtiyang èstri, ingkang agêng gunanipun, upami bab pangrimatipun lare alit, panjaganing kasarasanipun badan, patrap pandamêlipun têtêdhan warni-warni, olah-olahan warni-warni sapanunggilanipun. Sintên ingkang sagêd maos, tamtu kanthi gampil sangêt ngindhakakên kawruh tuwin mêwahi kasagêdanipun namung sarana ningali buku punika wau kemawon. Nanging kosokwangsulipun tumrap tiyang ingkang botên sagêd maos botên gampil sagêd makatên, sagêd ugi kawontênanipun badhe ajêg kemawon, botên badhe gadhah kamajêngan punapa-punapa.

Kados botên prêlu kapanjangakên malih, katrangan sakêdhik ing nginggil punika kados sampun cêkap kangge tôndha yêkti, sanajan tiyang èstri inggih prêlu sangêt sagêd maos.

Kathah tiyang èstri, sanajan gadhah kasagêdan nyêrat lan maos, kasagêdanipun wau botên nate dipun angge. Kathah prakawis ingkang pancènipun prêlu dipun pèngêti murih sampun ngantos klintu utawi kasupèn, botên dipun punapak-punapakakên, yèn prêlu akintun sêrat milaur kengkenan. Maos buku-buku ingkang migunani

--- 194 ---

botên purun sêbutipun isin. Utawi kuwatos bokbilih dipun wastani makatên-makatên dening tiyang sanès. Ingkang kados makatên punika botên prayogi sangêt, prêlu dipun singkirakên. Kasagêdan-kasagêdan tuwin kawruh-kawruh ingkang kawulangakên wontên pamulangan botên namung migunani ing para lare salêbêtipun sami sêkolah kemawon, nanging maedahi ing salami-laminipun. Ing salêbêtipun taksih pinaringan gêsang, murih wontên munpangatipun, sadaya wau prayogi dipun tindakakên.

Tumrap bôngsa-bôngsa ingkang sampun majêng, golongan èstrinipun botên namung mrêlokakên malêbêtipun dhatêng pamulangan kemawon, nanging inggih mrêlokakên ugi tumrap panganggenipun kasagêdan tuwin kawruh ingkang sampun dipun tampèni ngantos dumugi ing sêpuhipun. Sanajan sampun botên tinêngga dening guru, mêksa nglêstantunakên maos-maos tuwin nyêrat-nyêrat, inggih punika maos buku-buku utawi sêrat-sêrat kabar ingkang maedahi sarta nyathêti punapa kemawon ingkang rinaos prêlu dipun pèngêti.

Ingkang makatên wau pancèn prayogi sangêt, nocogi dhatêng tujuning wontênipun pamulangan, patut dados têtuladan. Sintên ingkang badhe majêng kêdah nelad:

1e. Kêdah mrêlokakên lumêbêt dhatêng pamulangan ngantos satamatipun.

2e. Sampun isin ngangge (migunakakên) kasagêdan tuwin ngêcakakên kawruh ingkang dipun tampèni salêbêtipun sêkolah, wontên ing pamulangan wau.

Murtini.

Cathêtan Olèh-olèh Prasaja

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 98

Jangan Bobor

Godhong bayêm, waluh jêpan, utawi waluh bokor salah satunggilapun, bumbu, brambang, bawang, kêncur, lan tempe wayu, sacêkapipun, kaulêg lêmbat, lajêng kagodhog mawi santên, manawi sampun umob sapisan, waluh jêpan utawi waluh bokor wau kacêmplungakên, saumoban malih tumuntên godhongipun bayêm nusul kacêmplungakên.

Sambêl Klonyom

Lombok agêng (abrit) sacêkapipun, brambang, traos, kagorèng dalah lombokipun, manawi sampun matêng lajêng kaêntas saha winadhahan ing lèmpèr, sarta winêwahan sarêm kalihan gêndhis jawi sawatawis, nuntên kaulêg dados satunggal.

Jangan Mênir

Bayêm karajang, ceme katêngkêl-têngkêl, jagung mênir (ênèm) wêtahan, brambang karajang, kunci kagêcak, bumbu, godhong salam, gêndhis jawi, sarêm, pangolahipun kados olah jangan loncom. Badhe kasambêtan.

--- 195 ---

Nonah Mudinêm, Arts.

Ing sapunika sampun nama umum ing bab wontêning para wanita ingkang ngambah pamulangan, wiwit pamulangan dhusun ngantos dumugining pamulangan luhur sampun kasrambah. Ingkang makatên wau adamêl pamarêm tumraping para wanita, dening kanyatan kamajênganipun botên beda kalihan para kakung.

Kawontênaning para wanita ingkang sampun lulus saking pamulangan, kenging dipun wastani sampun tanpa wicalan, tumrap ingkang wêdalan saking pamulangan têngahan sampun kathah, dumuginipun ingkang wêdalan pamulangan luhur ugi sampun wontên. Sami sêsêbutan Mr.

Ing sapunika wontên malih ingkang lulus saking pamulangan luhur dhoktêr, inggih punika nonah Mudinêm, Arts. Tumraping wanita tiyang Jawi, sawêg satunggal punika ingkang angsal sêsêbutan Arts.

Ing ngriki prêlu kapratelakakên sakêdhik ing bab sajarahipun nonah Mudinêm.

Nonah Mudinên punika putranipun Radèn Mas Wanèng Praduta, ajudan ondêr upsir prajurit dalêm ing karaton Surakarta. Lairipun kala ing taun 1910, wiwitipun sêkolah wontên ing Kartinischool ing Batawi, lajêng dhatêng Europ. Meisjes Lagere School ing Surakarta, satamatipun saking pamulangan wau lajêng dhatêng Mulo ing Surakarta, A.M.S. ing Ngayogyakarta, salajêngipun dhatêng G.H.S. Ing tanggal 4 wulan Dhesèmbêr 1937 lulus saking G.H.S. angsal sêsêbutan Arts. Dados dumugining sapunika sawêg ngumur 27 taun.

Nonah Mudinêm punika sadhèrèkipun wontên 6, ingkang sêpuh piyambak, dhoktêr Diran, Ind. Arts. Sanès-sanèsipun sami èstri, dados sudagar, ingkang satunggal emah-emah angsal Ir. Karyamênggala. Nonah Mudinêm punika ingkang wuragil.

[Grafik]

Nonah Mudinêm.

Miturut wartos, Nonah Mudinêm badhe bikak kadhoktêran partikêlir.

Ingkang pinanggih ing wêkdal punika, wontênipun dhoktêr èstri bôngsa tiyang siti, wontênipun sawêg ingkang wêdalan saking Stovia tuwin Nias, dados saupami nonah dhoktêr Mudinêm bikak kadhoktêran partikêlir, badhe kathah pangajêng-ajêngipun sagêd majêng.

Ing pamuji mugi Nonah Mudinêm lulusa anggènipun tumindak ing damêl, sampun kirang satunggal punapa, saha sagêda dados têtuladan dhatêng para wanita ingkang kantun.

--- 196 ---

Sinjang Bolurambat

Sinjang bolu-rambat punika golongan sinjangcêplok, latar cêmêng, panyêratipun mawi garisan. Tumraping ahli nyêrat, kêgolong sêratan ingkang enggal rampungipun, amargi kathah sêratanipun ingkang dipun sêrat ngangge canthing carat kalih (cucuking canthing rangkêp), kajawi punika, sinjang ingkang tanpa cêcêg, punika nyudakakên padamêlan kathah.

[Grafik]

Nama bolu (bulu)-rambat, punika mirid saking wontêning wit bulu ingkang mrambat, awit bulu punika wontên warni kalih, inggih punika wit bulu agêng, godhongipun saèmpêr godhong karèt, botên dipun tanêm ing tiyang, limrahipun thukul wontên ing papan bawera, tuwin namung limrah dados ayang-ayanganing dhusun. Ingkang dipun wastani ayang-ayangan dhusun wau makatên: satunggiling dhusun, punika ingkang limrah wontên wit-witanipun ingkang agêng, wit agêng wau sagêd katingal saking panggenan têbih, kenging kangge ancêr-ancêr, bilih uwit ingkang katingal wau, wit anu ing dhusun anu, dados tiyang sampun sagêd mastani dhusun anu, nitik saking wontêning wit ingkang katingal, punika nama ayang-ayanganing dhusun. Dene bulu rambat, thêthukulan marambat sairib kados papasan, wontênipun kapirid wontên ing sêratan, awit wujuding godhong tuwin suluripun sae.

Sinjang bolu-rambat punika prasaja, pantês dipun agêm ing priyantun kakung tuwin putri, wujudipun mramo dening kathah soganipun. Nanging mapanipun dipun agêm ing priyantun putri ingkang kaparêng dhatêng pangagêman kêlêm-kêlêman, ing ngriku katingal prasajaning sinjang ingkang lugunipun wujud mramong. Namung sarèhning tumraping pangagêman punika cocogan, bab pangagêman punika botên kenging dipun êbabi.

Upaminipun wontên putri ingkang rêmên mangagêm sarwa mubyar, punika manawi sumêrêp tiyang mangangge sarwa kêlêm, wontênipun ing paningal katingal botên sakeca.

Kosokwangsulipun ingkang rêmên mangangge sarwa kêlêm, punika manawi kalêrêsan anggènipun matrapakên pangangge, rumaos ing jagad punika namung isi badanipun piyambak.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 101, Stu Pa, 15 Sawal, Ehe 1868, 18 Dhesèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Nusakambangan - Sajarah dhatêng pasareanipun Kyai Agêng Ngliman (Liman) - Abot ènthènging pagaweyan - Gambar môncapraja - Kawontênan ing Tiongkok - Sênènjong godhog - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Ambalêrêtakên urub

Ingkang dipun kajêngakên ing ngriki, ambalêrêtakên urub punika urubing kamurkan, mila urub wau dipun balêrêtakên, murih sagêd angsal pêpadhang ingkang sanès saking urubing kamurkan.

Tamtunipun bab makatên punika nuwuhakên pitakenan, punapa inggih kamurkan punika ugi damêl pêpadhang. Pitakenan makatên punika sayêktosipun angèl sagêdipun têrang dipun wastani padhang tuwin botênipun, awit saupami dipun wastanana padhang, nyatanipun kamurkan, nanging saupami dipun wastani pêtêng, nyatanipun tiyang kalêgan anggènipun anglampahi murka, punika sênêng, ingkang akajêng padhang.

Limrahing tiyang, manawi dipun wastani murka botên purun, nanging sajatosipun tansah nglampahi murka. Namung nyatanipun, murka ingkang botên dipun ajêngi punika kamurkan ingkang cêtha katingal awonipun, upami tiyang nglampahi mandung, punika tiyang sagêd mawas ing awonipun, awit manawi kirang bêgja badhe manggih sangsara. Inggih pêpindhan ingkang kados makatên punika kamurkan ingkang botên dipun ajêngi ing tiyang. Awit sampun cêtha, sagêd dipun nyatakakên, têgêsipun: kamurkanipun katingal, paukumanipun inggih katingal.

Salugunipun tiyang sumingkir dhatêng pandamêl awon, inggih kamurkan wau sampun kêgolong ambalêrêtakên urub. Nanging mênggahing kamurkan ingkang lèrèg dhatêng batos, dèrèng cêkap dipun gambari samantên. Upaminipun tiyang sinungan bôndha, punika bandhanipun piyambak, asli anggènipun adus kringêt piyambak, wênang Murba Masesa, cêkakipun namung sarwa mênang. Ewadene ing ngriku inggih wontên kamurkanipun. Mênggah cêthaning kamurkan, punika saupami bandhanipun têlas, manahipun lajêng susah. Ing sadèrèngipun dhawah ing susah, dèrèng purun dipun dêmèk kamurkanipun.

Sapunika minggahipun malih kamurkan ingkang sampun mèpèt ing batos, tumraping tiyang ingkang ngrumaosi sampun kêcakêt kalihan Pangeran, punika inggih bangsaning kamurkan.

Mila manawi angèngêti makatên punika, ambalêrêtakên urub kamurkan, punika gawat, awit lugunipun akajêng pados urub ingkang sajati.

Cêkruktruna.

--- 1606 ---

Nusakambangan

Sambêtipun Kajawèn Nomer 100

Sagantên antawising Nusakambangan kalihan tanah Jawi, punika sakalangkung nêngsêmakên, toyanipun antêng, sawanganipun ing kanan kering sae, makatên ugi kapetang kadosdene margi agêng.

[Grafik]

Murid-murid sêkolahan dhusun ing Mutihan

Miturut gotèkipun tiyang ingkang sampun nate ngambah ing laladan ngriku, nyariyosakên makatên:

Ing wanci enjing, plêthèking srêngenge amadhangi sagantên Nusakambangan, toyanipun waradin kados lumahing kaca, dharatan Nusakambangan katingal rungkud awujud wana agêng. Ing sisih lèr katingal palabuhan ing Cilacap, griya-griyanipun pating jênggêlêg dados tôndha arjaning nagari.

Ing kala punika kula numpak sêtumbargas badhe dhatêng dhusun ing sagantên ing Ujung Alang. Lampahing baita ngênêr mangilèn mêdal ing supitan, baita-baitanipun juru misaya ulam pating sliri kados maliwis lêlangèn ing toya. Botên dangu lampahing baita cakêt kalihan dharatanipun Nusakambangan, ingkang kêtuwuhan kêkajêngan ingkang oyodipun ngantos ngêlojok dumugi sagantên, mèmpêr saupami ngriku punika dados papan padununganing baya.

Miturut cariyosipun tiyang ingkang kulina ngambah ing ngriku, pancèn kathah bayanipun, trêkadhang sok pinanggih sêsarêngan lumampah kalihan baita alit-alit. Nanging baya ing ngriku punika botên purun ganggu damêl, katingal anggèning sampun kulina srawungan kalihan tiyang.

Lampahing baita lajêng kêraos ebah, inggih punika nalika ngambah ing laladan Sapurègèl, malah baita pamisayan ulam ingkang alit-alit, asring cat katingal, cat botên, dening kombak-kombul ing alun. Wusana baita lajêng nyidhat ing supitan ciyut, lampahipun kadosdene ambarobos ing rêrungkudan, nanging ing ngriku botên kêndhat kapapag baita alit-alit ingkang sami misaya ulam, tuwin baita gembong ingkang ambêkta pamêdalipun Nusakambangan, kalampahakên ing tiyang pranteyan ing Nusakambangan. Ing salêbêtipun lumampah wau nyênyêt, botên wontên sa-

--- [1607] ---

[Grafik]

bawa sanèsipun pangèjèging sêtumbarkas, kala-kala sumêrêp kalêpêring pêksi agêng ingkang pindhah pencokan, dening mirêng sabawaning sêtumbarkas langkung.

Sarêng lampahing baita mêdal saking supitan wau, kaprênah ngajêng katingal loji pating jênggêlêg angongkang sagantên, wontên gudhang-gudhangipun saha mawi krêtêg angongkang sagantên, pirantos kangge labuhing baita. Inggih punika ing Jumblêng.

Jumblêng punika satunggiling panggenan ing Nusakambangan, kalêbêt wêwêngkoning pakunjaran ing Nusakambangan. Ing Jumblêng wau dados jujugan inggah-inggahan dhatêng Nusakambangan. Nusakambangan punika wontên kabudidayan karèt gupêrmèn, ingkang dipun tindakakên dening para tiyang ukuman. Ing salêbêtipun pulo Nusakambangan wontên pakunjaranipun agêng, lampahipun mrika-mriki mawi oto. Saking baita katingal lèrèh-lèrèh ing margi ingkang anjog têngah.

Lampahing sêtumbarkas lajêng, sarêng sampun sawatawis dangu katingal wontên griya pating jênggêlêg wontên sanginggiling toya. Inggih griya-griya wau ingkang dipun wastani pajagan, ingkang sajatosipun thusun,dhusun. nama Ujung Alang. Wusana sêtumbarkas sagêd mèpèt.

Griya-griya ing ngriku punika pipit, kenging dipun wastani gêgandhengan dados satunggal, ing pundi-pundi gathuk mawi uwot, sajatosipun uwot wau ingkang dados margining dhusun. Ing ngajêng jarambahing margi wau traping kajêng ingkang dipun ambah kadamêl mujur, dipun pasang lêt sawatawis nyari, mila manawi kangge mlampah ragi nyamari. Sarêng ingkang ambawahakên ing ngriku asitèn wadana R.P.S. traping kajêng wau kapurih ngalangakên (mriksanana gambar). Ing sakawit têtiyangipun ing ngriku mopo, amargi nêrak ila-ila, nanging sarêng dipun sêrêp-sêrêpakên inggih lajêng miturut, saha pinanggihipun inggih lajêng prayogi, amargi tumapaking suku botên samar manawi kêjêglong.

Ing bab ila-ila makatên punika tumraping têtiyang dhusun ajrih nêrak, awit sampun rumiyin mila botên nate wontên ingkang purun ngewah-ewah, botên mawi kamanah panjang mênggahing sabab tuwin pigunanipun. Sarêng sapunika kalampahan dipun ewahi, inggih malah pinanggih sae, sanadyan malampah ing wanci dalu botên gadhah samar.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 1608 ---

Cariyos Kina

Sajarah dhatêng pasareyanipun Kyai Agêng Ngliman (Liman)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 99

Para priyantun ugi kathah ingkang sami tindak dhatêng pasareyan kasêbut nginggil, mawi numpak oto, nanging namung dumugi ing dhusun Sawahan, saking ngriku gêntos numpak kapal sewan. Malah manawi pinuju wulan Sura kathah sangêt kapal-kapal sewan, lurahing dhusun ngriku ugi nyadhiyani kapal sewan 7 iji. Ingkang asaslinipunaslinipun. paringan saking suwargi Radèn Mas Adipati Arya Sasra Adikusuma, Bupati ing kitha Nganjuk, ingkang dumugi sapriki taksih kapundhi-pundhi, malah ngantos dumugi turun-turunipun inggih tumut kapundhi-pundhi. Antawisipun kapal 7 wau, wontên satunggal ingkang kapilala ngêmungakên kangge titihanipun ingkang bupati suwargi saha kagêm para priyantun agêng sanèsipun ingkang karsa tindak mriku. Nanging kapal wau ing sapunika sampun kangge tumpakanipun sadhengah tiyang ingkang purun numpaki.

Ing sakawit ingkang kadhawuhan angruktèni lan anyaèni pasareyan punapadene margi ing Ngliman wau inggih panjênênganipun ingkang bupati suwargi. Nanging margi saking Ngliman dhatêng Si Dhudha botên kenging kaambah ing kapal, jalaran sangêt ing rumpilipun, lan sangêt mutawatosi, inggih punika jurangipun lêbêt-lêbêt. Sawêg margi saking Sawahan dhatêng Ngliman kemawon sampun mutawatosi, botên wontên tiyang ingkang purun numpak kapal, dipun têmah lumampah, ing môngka têbihipun watawis 6 km.

Margi saking Sawahan dumugi Têluk I botên wontên ingkang purun nênumpak, awit marginipun julêg, saking Têluk I dumugi Têluk II nêmbe sagêd nênumpak, lajêng saking Têluk II dumugi Têluk III ugi botên wontên tiyang ingkang purun nênumpak, nanging yèn sampun anglangkungi Têluk III kenging nênumpak têrus dumugi ing Ngliman, lajêng mampir rumiyin dhatêng kalurahan.

Dhusun Ngliman punika satunggaling dhusun pradikan, inggih punika dhusun ingkang botên kapupu paos dhatêng nagari. Wontênipun pasitèn ing ngriku punika kalêbêt sae. Pamêdalipun têtanêman wowohan tuwin jêjanganan ngantos nyumarambahi dhatêng sanès dhusun, lan ugi sagêd kasade dhatêng kitha. Dene wontênipun têtiyang ing ngriku punika sami atêtanèn, ngingah rajakaya, nênukang lan sapanunggilanipun.

Kados sampun kacariyosakên, manawi nuju wulan Sura lurah ing dhusun Ngliman amragad maesa utawi lêmbu ngantos 3-4, punika gadhahanipun piyambak, namung sawatawis wontên pasumbangipun tiyang sanès. Manawi wontên têtiyang miskin dhatêng mriku, dipun sukani têtêdhan punapadene sandhangan, malah ngantos kondhang ambêg wêlasanipun lurah ing dhusun wau.

Tatacaraning dhusun ragi kalêbêt anèh, inggih punika manawi badhe mantu, lare botên kenging kaangsalakên lare ing dhusun sanès, kêdah kaangsalakên lare ing dhusunipun piyambak. Ing ngriku

--- 1609 ---

punika botên wontên tiyangipun ingkang angrasuk agami, nanging têtiyangipun sami rukun-rukun. Cacah jiwanipun kintên-kintên wontên 600.

Mangsuli andharan kula ing nginggil. Ing dhusun Sawahan punika wontên pasanggrahanipun rêgènsêkap. Sênthong-sênthongipun sae, kintên-kintên cêkap kangge tiyang 20, tur sewanipun mirah, sadintên sadalu tiyang 1 f 1.50 tiyang 2 f 2.- punika botên mawi dhahar. Dene yèn mawi dhahar tiyang 1 f 2.50, tiyang 2, f 3.50.

Dununging pasanggrahan mêglik-mêglik wontên ing nginggil rêdi. Sangandhaping pasanggrahan wontên pabrikipun ès, gadhahanipun tuwan Lie Djing Han ing Kujon Manis (Warujayèng).

Nalika taun 1932 rêgènsêkap sampun ada-ada badhe ngawontênakên margi saking Sawahan dhatêng Ngliman, lan ing ngriku badhe dipun dêgi pasanggrahan, nanging ngantos sapriki dèrèng kalêksanan. Malah dhirèkturipun rêgènsêkap ing Nganjuk: (M. Sudarma) sampun angrancang mênggah waragading margi wau f 16.000, punika dèrèng waragading pasanggrahan. Nanging sarêng taun 1933 M. Sudarma lèrèh saking kalênggahanipun (pènsiun) dumugi sapunika sêpên.

Namung samantên andharan kula. Dene katrangan punapadene andharan kula ing nginggil wau, kasumanggakakên ing para maos, botên namung manawi wontên galap-gangsuling ukara tuwin têtêmbungan, nyuwun gunging samodra pangaksami.

R. Sumarya

Abot-ènthènging Pagawean

[Pocung]

Kang winuwus warna-warnane wong muwus / mawas pagawean / ginrejah sawiji-wiji / tinêmune kabèh-kabèh tan prabeda //

nyata luhur pyayi be-be lir lamdahur / dhasar maksih mudha / dhadhag anyêkêl kêmudhi / sagêndhinge amung sarwa ngêlar dhadha //

sasat gumuk ngrêgunuk bayar sathekruk / cakrak mêngku bawah / prabawane tanpa tandhing / singa cêdhak masthi mêndha mêndhak-mêndhak //

sing sok ngrêmuk yèn bawahe kèh wong ngamuk / kèmêngan ing nala / kêtotol akèhing titir / kêtir-kêtir tandange antêng kitiran //

lir sinambuk playune nganti sok numbuk / nrajang pakarangan / kinira kikising margi / malah gagah pratôndha rumêksèng bawah //

dadi guru nyambut gawe sasat turu / bau tan rumagang / kang pinikir mung sathithik / sasi Pasa liburane slapan dina //

enak-enuk sasat ngantuk nêmu kêthuk / blanjane tan gothang / pathokane tanggal siji / luwih bêgja sajak ajêg dadi raja //

nanging jêbul jaba berag jêro mrupug / cakrake mung grêtak / sajatine jêro garing / nora garang nanging malah dadi gêrang //

kêrêp liwung murid lowong kamar suwung / wulangane gothang / têmah tuwuh muring-muring / yèn ginagas pantês duwe lara napas //

katon dhuwur iku yèn dadi kondhèktur / gaweane mayar / amung plêsir sabên ari / nunggang sêpungsêpur. dhur-êdhuran tanpa bayar //

tur sok umuk kabèh janma mêsthi tundhuk / kondhèktur kuwasa/ [ku...]

--- 1610 ---

[...wasa/] têka-têka êndi karcis / karcis ilang mêsthi wênang narik dhêndhan //

nanging kojur sabên êbyar ati kuwur / wayah sêpur mangkat / rada kasèp nyêbul sêmprit / lamun têlat têkan haltê jingkat-jingkat //

arêp lungguh bêkah-bêkuh sêmu rikuh / sajak ora jênak / marang wanci kudu titi / lamun lena akèh janma kasangsara //

dhasar bagus sigrak cakrak dadi matrus / tandange trangginas / mring pakaryan angêntasi / rina wêngi amung manggon anèng palwa //

wêruh alun mung inganggêp alun-alun / mulat kèhing mina / pangrêngkuhe padha jalmi / yèn kêblabak umuke sok bisa nulak //

lamun labuh wruh laladan kang durung wruh / nadyan mung sadhela / ngrasa wis ngêgarke pikir / ulat bingar ambêdhêdhêg bisa bigar //

amung kidhung karo sanak ora têpung / tansah lêlayaran / ora wêruh ahli waris / bungah susah mung lan kônca jroning palwa //

tur samungguh kapal pêcah ora wêruh / yêkti dadi sarah / kombak kombul anut warih / natab karang masthi dadi tai urang //

enak bakul dadya nganggo mondhong mikul / pokile pikangsal / asile lumintu mili / gilar-gilar panganggone kêbak dinar //

wus kêpatuh bêtah bantêr mêpêt butuh / sabatih maratah / pintêr-pintêr amintêri / petung mêmêt bangkit mèt klumpuking sêmat //

mung sok kawus kêtiwasan tanpa uwus / tinêrak ing jaman / Malaisê mêlas asih / awak lêsah nora bathi malah tambah //

tur kêtimbrung ginumbrêng mring Babah Limpung / cicilane gothang / dhinêndha nêkuk nikêli / lamun mingkuh lumuh ngalah dipun kêlah //

têntrêm nutug iku wong sing duwe gubug / tanine têmênan / tumêmên sabarang kardi / bêras pari lombok terong turah-turah //

esuk mluku mênyang awak ora kaku / kêbone aranggah / nora wêgah lêmah mêsi / ngulêr kambang nut miturut marang prentah //

karo ngidung mênyang têgal ulur jagung / mampir ngundhuh kacang / ramban kara karo turi / têkan ngomah cawisane wus nèng layah //

mung sok ngadhuh yèn luput olèhe nangguh / tumuruning jawah / wiji-wiji padha mati / têtanduran ngalêcir katon kapiran //

ama ngamuk sundêp mênthèk lodhoh bêluk / gumulung golongan / anênggêl têbaning têgil / tatas rantas kèlês ludhês tanpa tilas //

dahat jêtung kaki tani tanpa petung / putêk karêrantan / amêtêk kêntekan bukti / montang-manting mêminta tambak kantaka //

yèn binuru kabèh janma kang linuru / enak lan kapenak / nampik pêpêtênging ati / tangèh bisa nyingkiri bêgja cilaka //

yèn tinlusur sipat karêp mungkrêt mulur / bingar yèn ingumbar / undure nêmahi sêdhih / bungah susah nora prêlu ngrasa wêgah //

marma lamun pakaryan tansah ingudur / nora lêbar-lêbar / barèse sakèhing kardi / abot ènthèng dumunung badan priyôngga //

yèn wus atul mring pakaryan sasat nutul / janjine jinaga / ajêg talatèn lan titi / têtalêse tumindak lawan waspada //

beda lamun sêmbrana sabarang kayun / mring ayahan weya / yêkti manggih tan prayogi / yèn kêlepyan tumiba ing kasangsaran //

Pak Kalang

--- 1611 ---

Gambar Môncapraja

Tiongkok

[Grafik]

Wadya Jêpan ing Tiongkok sisih lèr, nuju jawah angin lumampah wontên ing rawa.

[Grafik]

Sêtatsiun ing Syanghai ingkang sirna dening bom Jêpan

[Grafik]

Jumênêng nata 50 taun ing Bikanir, tanah Indhu, wontên ingkang jumênêng nata, ingkang dumuginipun sapunika anggèning jumênêng nata sampun 50 taun. Jêmbaring laladanipun nagari ngriku punika 58.000 km2. Nyarêngi jumênêng nata sampun 50 taun wau, ing ngriku kawontênakên pahargyan, ingkang dipun rawuhi raja mudha Inggris Lord Linlithgow. Gambar kiwa: arak-arakan gajah, ingkang dipun titihi sang nata tuwin raja mudha Inggris. Gambar têngên: Nata Bikanir têtabikan kalihan raja mudha Inggris.

--- 1612 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Panêmpuhipun wadya Jêpan ing Nanking rêkaos dipun tanggulangi, ing papan ingkang dipun têmpuh dipun jawahi mimis tuwin granat, tuwin dipun angsêg ing tèng tuwin mêsin-mêsin waja, ingkang botên kandhêg dening tembok kandêl, pundi ingkang dipun trajung lêbur mawut. Punika nandhakakên ing bab saening dêdamêl Jêpan.

Ingkang makatên punika saupami Tiongkok nanggulangi krodhaning mêngsah tuwin ngrungkêbi kitha ingkang sampun mrênding, botên sande namung badhe kêkêpang ing mêngsah. Nanging pinanggihing kasêtyanipun bôngsa Tionghwa aluwung sirna lêbur angrungkêbi nagari wutah rahipun tinimbang ngucira colong playu.

Awit saking rêrigênipun senapati Tiongkok, Mao Ce Tung, ing sapunika badhe ulah mundur, awit manawi badhe ngêtog karosan nanggulangi mêngsah ingkang sawêg kados makatên punika, nama sulung lêbu gêni. Mila aluwung mundur ngiras andandosi karisakaning prajurit, nyaèni dêdamêl tuwin sanès-sanèsipun. Tur saupami ing wingking wadya Jêpan ngangsêg malêbêt, badhe sagêd manggih kasantosan enggal. Awit ing sapunika Tiongkok kêdah damêl gêlar pêrang alit-alitan ingkang marênca. Dados sanadyan Nanking bêdhah, badhe kathah pêpulihipun ing wingking.

Mênggahing kapitunan, kados ingatasing paprangan sampun botên prêlu dipun rêmbag, nanging tumraping Jêpan ugi wontên raosipun miduwungi arta ingkang ngantos pintên-pintên atus yuta tumrap nyantosani adêging prajurit Mansukuo, ing sapunika wohipun malah dados damêl, dening wadya ing ngriku namung nuwuhakên sônggarunggi, ingkang Jêpan kêpêksa ngawontênakên pajagèn. Pajagèn wau botên kok tumônja nyujanani dhatêng mêngsah, upaminipun Ruslan, sajatosipun saking tuwuhing ebah-ebahan ingkang tuwuh saking golonganing wadya Tiongkok ingkang kêwêngku ing Jêpan, malah sampun kathah prajurit ingkang kesah ambêkta dêdamêl. Dene tuwuhing ebah-ebahan ingkang kados makatên punika botên sanès, saking kêtarik dayaning kabangsan.

Ing ngajêng wartos ing bab paprangan ing Tiongkok botên patos sumrambah dhatêng Mansukuo, nanging dangu-dangu sampun botên kenging dipun sumpêt, lajêng sumêbar ing pundi-pundi, ingkang wêkasanipun adamêl katêtanginipun bôngsa Tionghwa ing ngriku.

Jendral Syang Kai Sèk ingkang minôngka bapa babuning nagari Tiongkok, katingal anggèning kecalan daya, nanging tansah ngudi kawilujênganing bangsanipun, sampun ngantos tumindak mutatuli, nglawan mêngsah ingkang tanpa dugi-dugi. Kajêngipun Syang Kai Sèk wau sampun ngantos anglabuhi papan panggenan ingkang sampun botên gadhah kasantosan militèr. Dados sanadyan nyuwungna Nanking ugi botên badhe ngêsorakên drajating kamiliteran.

Ulahipun paprangan wadya Tiongkok, kenging dipun wastani botên nguciwani, tandhanipun taksih

--- 1613 ---

sagêd ngêkahi ing Siyakwan, kaprênah antawising tembok kitha tuwin lèpèn Yang Ce. Anggèning pacak baris wontên ing ngriku punika kanthi pasang kaprayitnan mawas trajanging mêngsah.

Ing sapunika Jêpan wontên titikipun badhe nêmpuh Tiongkok sisih kidul, punika sagêd kêtitik saking anggèning nginggahakên wadya lautan wontên ing pulo Kweco, kaprênah lèr kilèn Ainan, antawising margi saking Aipong dhatêng Liyuco. Kajawi punika Jêpan mapanakên kapal pêrang agêng gangsal wontên sacêlaking pulo St. John, kaprênah antawising Hongkong tuwin Kwangcowan. Wontên malih sagolongan ingkang labuh wontên pulo Kim mèh sacêlakipun Amoe.

[Grafik]

Para dhoktêr (ingkang lênggah ing kursi) punapadene para pambantunipun golongan Ambulance ing tanah ngriki ingkang sami bidhal dhatêng Tiongkok prêlu mitulungi têtiyang kasangsaran.

Miturut wartos, ing sapunika Jêpan gadhah sêdya badhe ngêdêgakên paprentahan enggal, nama Republik Tiongkok lèr, ingkang dipun ayomi dening Jêpan. Miturut rancangan, Aka kadadosakên presidhèn, Wangkemin, pisê presidhèn, Wupe Fu tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun, ingkang ing ngajêng sampun nindakakên padamêlan babagan paprentahan.

Dhêdhasaring republik punika: botên anganggêp sah dhatêng adêging paprentahanipun Syang Kai Sèk. 2 ambibarakên adêging Kuomintang. 3 nyambut damêl sêsarêngan kalihan Mansukuo ing bab tindak nyirêp tandangipun golongan abrit. 4 nyambut damêl sêsarêngan kalihan Jêpan tuwin Mansukuo ingatasing padagangan tuwin sanès-sanèsipun, 5 nyaèkakên wulangan Konghucu.

Wartos ingkang kados makatên punika tumraping Tiongkok anganggêp badhe lôngka kalampahanipun, awit gadhah panganggêp bilih Tiongkok punika botên gampil binalithuk ing rêmbag. (Mriksanana gambar perangan kaca nginggil).

--- 1614 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Sênenjong Godhog

II

Garèng : Truk, aku kok ora maido, dhing, yèn kowe lan bojomu anggêr mêtu, apa manèh yèn macak, banjur ditongton ing tôngga-tanggamu kuwi. Awit, ana ing kampung kathik ing kampung Bêtawi, têmtune panganggone wong-wonge sing lumrah, nèk lanang iya nganggo sarung lan kêthu, nèk wadon tapihan sarung sing mung dikuwêl-kuwêl ngono kae, dadi gampang le mak ... pletre, rak iya mèmpêr bae yèn kowe sakloron padha macak, banjur ditongton, awit panganggomu sakloron, yèn macak gajah rak mêncorong lan ngebat-ebati lir pendah kaya ... kêthoprak.

Petruk : Wong sêmbrana, tiwas kenene wis bungah, tak arani le mêncorong lan ngebat-ebati kuwi, arêp diunèkake: lir pendah kaya Kamajaya lan Dèwi Ratih, jêbul kaya kêthoprak. Nanging bokmanawa iya ana bênêre omongmu kuwi, apa manèh tumrape awakku, kang Garèng. Kanggone aku dhewe tumêkane saiki kok mêksa isih dhêmên nyang pacakan nyara Jaka Tingkir, katimbang karo sing diarani: pacakan, Indhonesiêr, wong rumasaku kok kaya : ... têgêsan rokok wèsmistêr.

Garèng : Hus, wong kurang ajar, hla kuwi rak yèn sêpatune kuning, jas calanane putih, lan kêthune irêng, dadi sêpatune kêna dipadhakake akêp-akêpane (mondstuk) jas calana sigarète, lan kêthune dipadhakake awune. Balik sêpatune sawo matêng, jas calanane kabardhin iya sawo matêng, kathik kêthune irêng, apa iya ora brêgas.

Petruk : Iya mula brêgas, kang Garèng, brêgase nganti kaya ... saga têlik.

Garèng : Wèh, wong iya ora dhêmên, têmtune iya ana bae sing kanggo mêmoyok. Sabênêre mono, Truk, anggon-anggon lanang bôngsa Jawa kuwi tumrape bôngsa liya pancèn iya dianggêp anèh, mulane sok banjur ditongton, nanging anggone ditongton mau, apa sabab saka bêcike utawa apa sabab saka ... lucu lan anèhe, kuwi êmbuh ora wêruh. Nanging yèn panganggone wong wadon bangsane dhewe kiyi, aku wani tanggung, anggone sok ditongton, kuwi pancèn saka mêrak atine, buktine: akèh bae bôngsa liya sing padha niru, kaya ta: wanita bôngsa Mlayu, Sundha, Batak, lan sapadhane.

--- 1615 ---

Petruk : Mula iya mêngkono, Kang Garèng, apa manèh ana ing Bêtawi kene, nèk kurang pangati-atine sok gampang kalira-kalirune. Wong aku dhewe kêrêp kêcêlik. Yakuwi mangkene: sawijining dina aku iki anggolèki omahe kancaku ora bisa kêtêmu, dumadakan ing kono aku wêruh wong wadon, wah, iya wis Sala cêkèk, Kang Garèng, malah tapihe nganggo diwiru mlithit barang kae, tur iya nganggo jêpetan. Aku banjur mêndhêg-mêndhêg marani sarta pitakon kanthi andhap asor bangêt mangkene: kaparênga kula badhe nyuwun pitanglêt, punapa ... durung rampung pitakonku jêbul banjur mlenglos karo mangsuli: êntêk nyahok (ora ngrêti), e, jêbul wong wadon Sundha kupi mau.

[Grafik]

Garèng : Kosokbaline aku iya wis tau kêcêlik sing nganti kaisinan kae. Sawijining dina ana ing dalan aku kêpêthukan wanita. Saka kadohan wis tak sawang têrus-têrusan, ing batin pikiranaku: wadhuh, wong kathik ayu têmên, ayune nganti kaya ... kluwung. Tapihe sarung Pakalongan, klambine sidhêpowal abang kathik potongan Bandhung, ora lali karembonge (slendhange) sutra biru, kawuwuhan nganggo sêlop jalinggring, lakune: kêthiplêk-kêthiplêk, batinku: wèh, gênah putri Cianjur kiyi. Kocapa, barêng wis cêdhak, kiraku iya sing kaya ngono kuwi sing diunèkake ... wewe gombèl kae, saka kègiku nganti kalair têmbung mangkene: tobat, sri gunung. Rumasaku, wong iya wong Sundha, masa ngrêtia. E, jêbul misuh-misuhi aku mangkene: napa, napa, napa, kula sri gunung, saka kadohan lêngkung-lêngkung, cêdhakane kaya lutung, ambok prêduli sampeyan, prêduli, prêduli. Cèprèt, iki le idu, Truk, ...

Petruk : Pira-pira mung samono, Kang Garèng, kowe ora têrus dikrawus lan jasmu di ... sêmbur dubang. Wis, wis, saiki tak banjurne wangsulanaku ing bab pitakonmu sing rete-rete mau. Dadi ngalihku kuwi sajatine mung sabab ora kêpenak anggone sok ditongton bae. Saiki tak nyaritakake sababe aku pindhah rong dina sadurunge bakda, lan anggone pindhah ora kabar-kabar. Prêlune: kang kapisan, golèk slamêt, kang kapindhone nêdya ngirid, Kang Garèng.

Garèng : Saya ora ngrêti aku, Truk, ana wong pindhah kathik golèk slamêt, apa ana ing omah lawas panyakitmu tuwuh manèh, iya iku anggonmu sok dhêmên ngopèni ... jarit sampiran.

--- 1616 ---

Petruk : Wayah, apa tukang nayab. Ora, Kang Garèng, nanging sabab-sababe mangkene:

Mirit petungane para sarjana, jarene ing sasi Ramêlan kuwi naga taun kabênêr ana ing kidul, lan jarene manèh, yèn wong arêp pindhah ing sasi Ramêlan mau, sing bêcik dhewe manawa mangalor, dumadakan aku golèk omah olèh sing prênahe salore omah lawas. Kala samono bakdane riyadi wis mèh kurang limang dina, mulane tanpa tak pikir dawa manèh, murih naga taun saya adoh, aku enggal-enggal banjur pindhah. Yakuwi rong dina sadurunge bakda.

Garèng : Wèh, iya ora ngira sathithik-thithika, andèkna ora, ngakune jarene wong agama, kathik wis olèh pangajaran kulonan, hla kok isih pracaya nyang gugon tuhon sing ora kalêbu nalar mêngkono.

Petruk : Mêngko diarani dudu putune ... simbah. Kang Garèng, aku tak carita, ya, anggonku pindhah nganggo petungan, kuwi ora sabab aku pracaya nyang anane dina bêcik utawa dina ala, lan aku pracaya marang sasi ambêgjani lan sasi nyilakani, ora babarpisan, Kang Garèng, nèk mungguh panêmuku, kabèh dina bêcik, lan kabèh sasi iya bêcik, ewasamono aku isih mêksa ngênggoni petungan mau, iki ora liya mung anjaga unèn-unèn ing têmbe burine. Nèk le pindhah mau sabanjure slamêt ora kurang siji apa, sanadyan pindhahe mau tanpa nganggo petungan, iya ora ana kêdhah-kêdhih, nanging nèk pindhahe mau tanpa nganggo petungan, kathik dumadakan banjur ana sing lara, utawa banjur dilèrèni saka pagaweane, lho kuwi unèn-unène uwong mêsthi banjur pating clewo, kaya ta: wong gênah anak turune wong Jawa bae, anggêpe kathik kaya Lônda ... godhong, ethok-ethoke ora ngandêl nyang apa asale, saikine rasakna dhewe, wong kuwi nèk kêmintêr, gêmagah, ora mrêduli nyang piwulange para sêpuh ...

Garèng : Haiya, Truk, iki padha bae karo wong sing wis modhèrên, kang jarene ora dhêmên nyang sêmbah lan dhodhok, nanging barêng dadi priyayi dhewe, le nyêmbah lan ambrangkang-brangkang nyang panggêdhene, luwih sedhok lan katimbang kônca-kancane. Barêng diwêlèhake, jarene: aku mula iya ora dhêmên nyang sêmbah dhodhok kuwi, nanging ing sarèhne isih dadi adat tatacarane bangsane dhewe, iya isih tak tindakake, amrih aja dadi unèn-unèning uwong sing mangkene kae: hêh, wong priyayi jare ora ngrêti adat.

Pawartos saking Redhaksi

K. 3119 ing Karanganom. 23 Sapar Alip 1835 dhawah 29 April 1905.

K. 1847 ing Jati. Adrèsipun: Uitgevers Mij. J.B. Wolters, Scottweg 5, Batavia-C. Wragading pangintun manut wawrat. Dhatêng Depot van Leermiddelen, Batavia-C.

R.M.S.H. ing Jagalan, Surakarta. Urun karangan ing Kajawèn kenging kemawon. Kasêrata aksara Jawi. Manawi kintun gambar prayogi potrètipun. Karangan prayogi ingkang mikantuki tumraping umum.

Rd.S.d. ing Jêthis. Karangan kados makatên punika kêgolong limrah, Kajawèn botên nate macak.

K. 1868 ing Blitar. Samôngsa sampun kabikak badhe kawartosakên.

--- 1617 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Tanêman pêlêm ing Cirêbon. Tanêman pêlêm ing Cirêbon punika kenging dipun wastani ingkang agêng piyambak ing satanah ngriki, tuwin dados pamêdal ingkang agêng. Tumrap ing laladan Cirêbon mèh sabên pemahan wontên tanêmanipun pêlêm. Ing sabên kampung botên kirang 300 wit. Tumrap dhusun Kêrtasêmaya, bawah Indramayu, pinanggih wontên 500 wit. Ing sauruting lèpèn Cimanuk botên wontên sêlanipun tanêman pêlêm. Miturut papriksaning ahli tanêman, ing laladan Cirêbon wontên pêlêm 500.000 wit. Kintunan pêlêm saking ngriku kala ing taun kêpêngkêr wontên 10.000.000 kg. Pêlêm wêdalan ingriku punika warni-warni, kados ta: gêdhong, cêngkir, kuwèni tuwin sanès-sanèsipun. Malah sumêbaripun pêlêm wau ngantos dumugi ing Singapura punapa. Wancining panèn pêlêm ingriku dhawah ing mangsa wêkasaning katiga.

[Grafik]

Pabrik goni. Ing Dêlanggu, Surakarta, badhe wontên pabrik goni, badhenipun rosella. Manggènipun wontên tilas pabrik gêndhis ing Dêlanggu, ingkang sapunika sampun botên dipun angge malih.

Kajêng tumrap Bali. Ingkang pinanggih ing wêkdal punika ing Bali kêkirangan kajêng prabot griya. Ing bab punika ingkang wajib anggalih pêrlu dipun dhatêngi kajêng saking sanès panggenan saha pêrlu dipun dèkèki houtstapelplaats. Malah wontên wartos ing Bali badhe dipun wontênakên wana ingkang kanthi pambiyantunipun têtiyang siti.

Ngindhaki cacahipun dokter. Ingkang pinanggih ing rêmbagipun para inspecteur Pakaryan Kasarasan kala ngawontênakên parêpatan, nêtêpakên pêrlu ngindhaki cacahipun doktêr Gupêrmèn ing taun 1938, ingkang arts 5 tuwin Ind. arts 5. Miturut wartos, ing saindêngipun tanah ngriki dipun suwunakên wêwahan doktêr 26, nanging botên kaparêngakên.

N.I.O.G. nyuwun suwaking arta examen. Paturanipun N.I.O.G. dhatêng Parentah bab nyuwun suwaking arta examen kangge Mulo, sampun wontên dhawuh, kaparêngakên.

Inggah-inggah. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, R. Djatioetomo Wartokoesoemo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi veldpolitie ing Batang, paresidenan Pêkalongan, dados asistèn wêdana paresidenan Sêmarang.

Arta nyadasa rupiyah palsu. Javasche Bank ing Surabaya mêntas nampèni arta kêrtas palsu nyadasa rupiyah. Arta wau ciri HS 05062 tanggal 18 November 1930 controlenummer 15922. Aslinipun arta wau saking mantri pênjual ing Panggung ingkang kangge nglêbêtakên arta mriku. Pulisi babagan mriksa arta palsu lajêng tumindak ing damêl.

Salingkuhan ing Gemeente Salatiga. Ing Gemeentewerken ing Salatiga kasumêrêpan wontên salingkuhan babagan tumbasan barang-barang bandha warni-warni. Sampun wontên aanemer bangsa Tionghwa ingkang manggèn ing Bandung dipun tahan. Wontên malih opzichter tuwin mandhor-mandhor ingkang sami dipun kèndêli saking padamêlanipun.

Panyadean gêndhis. Miturut wartos, Nivas tuwin Centrale Suiker Mij. ing nagari Walandi adamêl prajanjian bab panyadening gêndhis ing salêbêtipun sataun 85.000 ton, salajêngipun prajanjian wau kaulur dumugi taun ngajêng. Miturut indhaking prajanjian wau, tumrap tanah Jawi sagêd namtokakên bilih panyadenipun gêndhis ugi kados taun ingkang sampun kêlampahan. Pangintunipun gêndhis wau lumintu ing sabên wulan.

Hollandsch-Arabische School. Bestuur H.A.S. ing Surabaya mêntas nampèni sêrat saking Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, katitimangsan ing Bogor kaping 30 November 1937 No. 4, amratelakakên bilih Parentah ambiyantu dhatêng adêging Hollandsch-Arabische School ing Surabaya, kanthi maringi guru Europeesche Hoofdonderwijzer, ing benjing wiwitaning wulan Januari 1938 guru wau badhe miwiti nyambutdamêl ing pamulangan ngriku.

Uwos saking tanah ngamanca. Miturut rêmbag ingkang katindakakên ing Departement van Economische Zaken, tumrap Surabaya badhe tampi uwos saking tanah ngamanca 400 ton, lajêng badhe kabage dhatêng para sudagar. Rêginipun katêtêpakên sadhacin f 4.20.

Kajêng saking tanah ngriki kangge nagari Walandi. Ing sapunika sawêg wontên rêmbag ing bab kajêng saking tanah ngriki kakintunakên dhatêng nagari Walandi. Ing salajêngipun saking tanah ngriki sampun ngintunakên kajêng bantalan ril cacah 1000 iji minangka cobèn-cobèn. Manawi cobèn-cobèn punika pinanggih prayogi, badhe kathah wêlingan saking nagari Walandi. Pakaryan sêpur ing nagari Walandi ing sabên taun ngangge kajêng ganjêl ril 1.000.000 iji. Rumiyin ingkang dipun angge kajêng jati, nanging sarèhning rêginipun kalangkung awis, cêkap namung badhe ngangge kajêng Kroëng saking Borneo. Manawi nagari Walandi saèstu dados lêngganan, sagêd dados lêlintu anggèning Tiongkok botên tumbas malih.

--- 1618 ---

Bidhalipun tuwan E. Gobée. Kala malêm Salasa kêpêngkêr Tuwan E. Gobée ngawontênakên pêpanggihan anggèning badhe pêpisahan wontên ing gêdhong Pertemuan Indonesia ing Kramat. Kathah ingkang sami mêrlokakên rawuh, Dr. Soeratmo tuwan M.H. Thamrin, nonah Mr. Maria Ulfah, nonah Soegiarti, Mr. Sartono tuwin sanès-sanèsipun. Wigatosing pêrlu sami kawêdhar ing sabda. Ing dintênipun Rêbo Tuwan E. Gobée bidhal saking Bêtawi dhatêng Jeddah numpak kapal Buitenzorg, kathah ingkang nguntapakên.

[Grafik]

Dr. G.F. Pijper. Kawartosakên, ingkang anggêntosi kalênggahanipun tuwan E. Gobée, Adviseur Inlandsche Zaken punika tuwan Dr. G.F. Pijper (kacêtha ing gambar).

Pamulangan luhur Dokter. Lulus artsexamen perangan kapisan, tuwan Oey Lam Siang.

Kèndêl saking anggèning dados redacteur. Gêgayutan kalihan wontêning karangan ing Bangun, karanganipun nyonyah Siti Soemandari bab ngrèmèhakên tindak dalêm Gusti K.N. Moehammad s.a.w. saha andadosakên ebahing golongan Islam, mila ingkang dados verantwoordelijk redacteur R.M. Soetopo Wonobojo tuwin warga redactie tuwan Soeroto, sami dipun kèndêli saking anggèning dados redactiecommissie. Salajêngipun redactiecommissie badhe nêdha pangapuntên dhatêng umum, langkung malih dhatêng golongan Islam, dene karangan wau dipun êwrat wontên ing Bangun.

Apus sarana ngawontênakên N.V. Handel Mij. Ing Bêtawi wontên Handel Mij. nama N.V. Handel Mij. Sindjati & Co. Mênumbing Company, ingkang dipun dêgakên dening Soetan Arif alis Soetan Iskandar. N.V. wau lajêng masang pariwara wontên ing sêrat-sêrat kabar, ingkang suraosipun pados tiyang kanthi borg arta. Kêlampahan kathah tiyang ingkang malêbêt tuwin kathah sudagar-sudagar ingkang ngintunakên barangipun. Pinanggihipun sadaya wau namung apus, arta tuwin barang-barang sampun sami dipun angge kabêtahanipun piyambak, tiyangipun kesah. Sapriki taksih dados padosan. Arta tuwin barang ingkang kalêbêt mriku ewon rupiyah. Griya ingkang kangge bikak wau taksih dados pajagèn pulisi.

Rêdi Cêrme ngêdalakên kukus malih. Sampun sawatawis dintên rêdi Cêrme, Cirêbon, ngêdalakên kukus malih mawa suwara gumludhug ngantos tigang rambahan. Kala gumludhug wau ing gêgana nuju mêndhung, sarêng enjingipun sagêd katingal pucakipun, ingkang sisih Wetan ngêdalakên kukus pêthak.

Pamulangan H.B.S. saya sêsêg. Jalaran saking saya wêwah-wêwahing murid ing pamulangan H.B.S. ing Bandung, Bêtawi, Sêmarang tuwin Surabaya, lajêng ngawontênakên rêmbag ing prayoginipun. Miturut rêmbag, tumrap Bandhung badhe dipun dadosakên kalih pamulangan, mawi directeur piyambak-piyambak. Bab punika badhe tumindak wontên ing taun pangajaran ngajêng punika.

Sudagar copra sami sambat. Sanadyan ing sapunika rêgining copra mindhak, nanging para sudagar copra sami sambat, jalaran saking taksih kathahing tandhon ingkang dèrèng sagêd kasade. Malah ing pangintên badhe botên sagêd mulihakên kapitunanipun. Mila kathah sudagar copra ingkang badhe kèndêl.

Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan tampi tarimakasih. Wontên wartos, sampeyandalêm Ingkang Sinuhun ing Ngayogya tampi tarimakasih saking Sripaduka Prinsês Juliana kawrat ing sêrat ing bab pisungsung nalika kramadalêm awarni kothak isi gambar-gambar ringgit tiyang tuwin kothak ukir-ukiran ringkêsaning asmadalêm H.B. VIII isi sêrat kandha pakêm lampahan ringgit.

Darmawisatanipun para Pangrèhpraja dhatêng Lampung. Kala tanggal 10 wulan punika para Pangrèhpraja ingkang sami dhatêng Lampung sampun dumugi ing Oosthaven. Ingkang mriku wau: asistèn-residèn ing Surakarta 2, controleur ing Ngayogya 1, bupati ing Tuban, patih ing Malang, bupati anom Boyolali, wêdana tuwin asistèn wêdana 14, punggawa dhusun 20 tuwin tiyang tani 25. Wigatosing lampah pêrlu badhe nyumêrêpi tanah paboyongan ing Lampung. Ingkang dados pangiriding lampah controleur ing tanah paboyongan tuwan Ablij. Papan ingkang dipun dhatêngi ing Gêdhong Tataan, Sukadana, kitha Metro tuwin mriksa irrigatie ing Way Sêkampong. Gêgayutan kalihan papriksan punika, benjing taun ngajêng badhe ngangkatakên tiyang boyongan cacah 5000 kulawarga isi jiwa 17.000. Salajêngipun ugi badhe wontên golongan pangrèhpraja sanèsipun ingkang badhe dhatêng tanah Lampung.

EROPA

Mangsulakên pasitèn dharah Habsburg. Kabinèt Oostenrijk nêtêpakên badhe mangsulakên pasitèn cacah 11 panggenan dhatêng dharah karajan Von Habsburg. Inggih punika pasitèn ingkang dados melikipun karajan ingkang kasuwak ing sasampunipun madêg republiek.

Perangan ing Sêpanyol. Baris golongan kabangsan ing Villanueva de la Canada, ingkang têbihipun antawis 2 km. saking Brunete nêmpuh wadya mêngsah kanthi dêdamêl mriyêm sakalangkung sêrêng. Wadya parentah ingkang dêdamêl dynamiet sagêd nanggulangi. Wêkasanipun wadya kabangsan mundur.

ASIA

Kapal President Hoover kandhas. Kapal President Hoover ingkang ngêmot tiyang 650 kandhas wontên sakidul Formosa. Sadaya ingkang numpak sami pinanggih wilujêng.

Motor mabur ingkang ical sampun pinanggih. Ingajêng kawartosakên, motor mabur ingkang dipun tumpaki jendral mayor Santos tuwin litnan Lee ical botên kantênan. Ing sapunika kawartosakên, motor mabur wau sampun pinanggih wontên ing pulo suwung sacêlaking dharatanipun Tayabas. Jendral mayor Santos tuwin kanca-kancanipun sami suka tandha bilih sadaya wilujêng.

--- 1619 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya

34

Ilya nyandhak gimbaling rambutipun Idholice, kalarak kabêkta mêdal saking bangsal dhatêng undhak-undhakaning kadhaton, nanging ugi wontên ing ngriku Ilya botên mêntala mrêjaya Idholice wau. Mênggah cariyosipun makatên:

Kaya kurang utama bangêt tumrape kaluhurane Prabu Wladhimir, saupama undhak-undhakan iki dirêgêdi dening gêtihe lêlêthêking jagad iki. Mulane bêcik wong iki tak patènane ana ing plataran bae.

Idholice lajêng kasèrèt malih kabêkta mêdal dhatêng plataran, nanging wontên ing ngriku Ilya inggih botên purun anglunasi, sarta lajêng awicantên:

Kaya-kaya yèn titah kang dadi rêrêgêding jagad iki tak patèni ana ing kene, kira-kira bisa ngêndhakake kaluhurane sang nata pêpundhènku, ingatase kagungan dalêm plataran têka nganti dirêgêdi dening wong kang samono gêdhening dosane. Bêcik tak patènane ana ing ara-ara sajabaning balowarti bae.

Idholice lajêng kasèrèt malih kabêkta mêdal saking balowarti, inggih punika ing papan pakuwonipun para wadyabalanipun Idholice. Sarêng para wadyabala sumêrêp bilih gustinipun kalarak dening satunggiling pêkir, kagètipun kagila-gila, saha lajêng sami gêrêng-gêrêng ngatingalakên kiranging rênanipun. Sanalika ngriku Ilya sumêrêp, bilih para wadyabalanipun Idholice wau, botên sande têmtu lajêng ngrubut dhatêng piyambakipun prêlu badhe ngluwari gustinipun. Amila Ilya lajêng nyandhak sukunipun Idholice, kaobat-abitakên, kalihan sêsumbar makatên:

He, kowe kabèh, lêlêthêking jagad kang padha nyêmbah watu, kang wani nêmpuh nyang aku. Dêlêngên gêgaman kang ana ing tanganku iki. Takpêsthèkake luwih mrantasi katimbang gada utawa gaman liya-liyane.

Mirêng sêsumbaripun Ilya ingkang makatên wau, nêpsunipun para wadyabala tanpa upami, saha lajêng sami sêsarêngan anêmpuh dhatêng Ilya, nanging sintên ingkang kataman ing badanipun Idholice ingkang tansah kaobat-abitakên wau, têmtu dhawah ing tiwas, lan sakêdhap kemawon ing papan ngriku tumpuk-tumpuk bangkening para wadyabala. Para wadyabala sanès-sanèsipun ingkang taksih gêsang, sami mangrêtos bilih botên badhe sagêd kuwawa amêngsah dhatêng krodhanipun prajurit ingkang ngemba pêkir wau, amila inggih lajêng sami kèndêl anggènipun nêdya nêmpuh, saha ngêmungakên lajêng sami ningali kemawon kawusananing gustinipun. Sarêng Ilya sumêrêp, bilih mêngsahipun ingkang prasasat tanpa wicalan kathahipun lajêng angèndêli anggènipun sami nêmpuh, saha namung lêgog-lêgog nyawang kemawon, piyambakipun inggih lajêng kèndêl anggènipun soroh-amuk, tuwin lajêng nêdya anglunasi pun Idholice. Salajêngipun Ilya ngunus pêdhang tilaranipun Sang Swatogor saha lajêng nigas murdanipun Idholice. Sasampunipun lajêng cariyos makatên:

Gustimu saiki wis mati, saiki gênti kowe kabèh sing kudu tak lunasi, supaya ora gawe dosa manèh.

Sasampunipun cariyos makatên, Ilya lajêng nêmpuh dhatêng mêngsah ingkang tanpa wicalan kathahipun wau. Pêdhangipun tanpa kèndêl anggènipun angobat-abitakên, sarta sintên ingkang kataman têmtu dhawah ing tiwas, prasasat babadan pacing, ngantos sakêdhap kemawon mêngsah wau tumpês babarpisan tanpa wontên satunggal-tunggala ingkang sagêd gêsang. Mênggah pangamukipun Ilya anumpês mêngsah wau, sajatosipun kirang langkung namung saêjam dangunipun. Salêbêtipun saêjam punika, Prabu Wladhimir sapandhèrèkipun sami wontên ing balowarti prêlu amirsani kawontênanipun paprangan. Sakêdhap angraos bingah panggalihipun, dene Ilya tansah mênang juritipun, nanging kadhang-kadhang ugi kagungan kuwatos, manawi sawungipun ngantos dhawah ing tiwas. Lêga lan rênaning panggalihipun sang prabu tuwin para pandhèrèkipun sadaya, ing ngriki botên sagêd kacariyosakên, sarêng mêngsah ingkang kantun piyambak gumlundhung sirahipun dhawah ing ngandhap sukunipun Ilya.

Sanalika punika Prabu Wladhimir lajêng paring dhawuh, supados sakathahing gêntha ing greja ing saindênging kitha Kiyèp, kadhawuhan ngungêlakên [ngungêlakê...]

--- 1620 ---

[...n] minôngka pakurmatanipun satriya ingkang nêmbe mênang juritipun. Para pangagênging agami, sadaya mangangge anggèn-anggèn agêng, sami lumampah sêsarêngan nuju dhatêng ing papan paprangan prêlu mêthuk tuwin atur pambagya dhatêng prajurit ingkang nêmbe ngluwari prajanipun saking mêngsah ingkang sayêktos ambêbayani. Makatên ugi Prabu Wladhimir, kanthi kadhèrèkakên para abdi sadaya, botên krêsa kantun sarta lajêng mêthukakên pun Ilya. Wontên ing ngajêngipun Ilya, sang prabu lajêng andhêngklukakên mastakanipun saha angandika makatên:

Ilya, andadèkake bungahing panggalih ingsun, dene samono labuhira marang praja lan ratunira, ganjaran apa kang pantês ingsun paringake marang sira. Kapriye anggon ingsun arêp malês marang labuhira iki, awit sira wis bisa ngluwari prajaningsun saka mungsuh kang tanpa tandhing, kang atêgês: sira wis angluwari ingsun lan kawulaningsun kabèh saka paukuman kang gêdhe bangêt.

Ilya enggal umatur:

Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, kados botên prêlu panjênênganipun sang prabu aparing ganjaran dhatêng kawula, awit kawula punika ngêmungakên tiyang pêkir, ingkang gêsangipun kapêksa kêdah namung anjajah desa milangkori, prêlu ngicalakên lêlampahan awon, tuwin anjagi para rôndha tuwin lare yatim sampun ngantos siniya-siya ing sasamining gêsang. Ing kadhaton punika dede papan kawula. Ingkang dados kuwajiban kawula ngêmungakên kêdah andon lêlana ngupados bêbaya.

Prajurit Alyasa, ingkang ing kala punika ugi dados pandhèrèkipun sang prabu, rumaos kalingsêman mirêng aturipun Sang Ilya wau, saha lajêng anyakêti Sang Ilya sarwi awicantên makatên:

Dhuh, tuwan, mugi panjênêngan krêsaa paring gunging pangaksama dhatêng kula, dene kula kumapurun ngerang-erang utawi ngrèmèhakên dhatêng panjênêngan. Nanging kula kaparênga nyuwun pitakèn, mênggah pêdhang punika aslinipun saking pundi, lan kadospundi sababipun têka panjênêngan kiyat ngolahakên pêdhang punika.

Ilya lajêng nyariyosakên sadaya lêlampahanipun wiwit nilar praja ngantos dumuginipun ing dintên punika. Ing kala punika Ilya ugi botên kasupèn anggènipun nyariyosakên pêpanggihanipun kalihan satriya rasêksa ingkang nama: Swatogor, inggih punika: kala badhe pêjahipun anyukani saperanganing karosanipun, tuwin anilari pêdhang wau. Sasampunipun Ilya nyariyosakên lêlampahanipun sadaya wau, lajêng andhingklukakên badanipun, ing ngriku Alyasa lajêng cariyos kirang langkung makatên:

Tuwan, mugi kula aturi nyupèkakên têtêmbungan kula ingkang kirang prayogi, lan mugi paringa pangapuntên dhatêng kula. Panuwun kula, mugi-mugi panjênêngan krêsaa dados sadhèrèk kula sêpuh, inggih punika sadhèrèk tunggil agami.

Ilya ugi mituruti punapa panêdhanipun Alyasa, inggih punika suka pangapuntên dhatêng têtêmbunganipun ingkang sajak angrèmèhakên tuwin angerang-erang wau, sarta sami prasêtya dados sadhèrèk nunggil agami. Salajêngipun prajurit kêkalih wau sami rangkul-rangkulan sarta sami linton kris.

Sasampunipun makatên, Ilya nyuwun pamit dhatêng Prabu Wladhimir tuwin para pandhèrèkipun sadaya, sarta lajêng bidhal nuju dhatêng ing papan pakèndêlanipun pêkir Iwanice. Ilya sagêd pinanggih malih kalihan pêkir wau wontên ing sacêlaking sela agêng kadosdene prajangjianipun ing ngajêng. Sandhanganipun pêkir wau sami suwèk, dene piyambakipun taksih anggandhul wontên ing lapak sarta sajak kanthi botên sabar angêntosi dhatêngipun pun Ilya. Ilya enggal-enggal nguculi tangsul ingkang kangge ngêrut pêkir kalihan kapal wau, kaandhapakên saking kapal saha lajêng kalinggihakên ing siti.

Salajêngipun Ilya nuntên ambikak jubahipun pêkir ingkang dipun sambut lan dipun angge sadangunipun pêrang amangsah Idholice sawadyabalanipun wau, makatên ugi topi lan sêpatunipun ênam-ênaman inggih lajêng kacopot saha sadaya wau nuntên kawangsulakên dhatêng pun pêkir. Dene piyambakipun piyambak nuntên ngangge anggèn-anggènipun piyambak, salajêngipun nuntên nyengklak kapalipun, pamit dhatêng pun Iwanice, sarta awicantên makatên:

Wis Iwanice, saiki padha andum slamêt bae. Mung siji wêlingku nyang kowe, aja nganti kok lali-lali. Yaiku: sabanjure kowe iku ambok aja bangêt-bangêt anggonmu jirih. Awit karosanmu utawa kadibyanmu kuwi pancèn wis misuwur ing saindênging praja Ruslan iki, eman-eman yèn ora kok pigunakake. Awit aku ngrêti, yèn kowe ora kêbangêtên anggonmu jirih, nanging kosokbaline yèn kowe gêlêm migunakake karosan sarta kadibyanmu, kiraku arang mungsuh kang bisa anglawan kowe.

Sasampunipun cariyos makatên wau, Ilya lajêng nyêmêthi kapalipun ingkang lajêng ambandhang sakiyatipun. Lan sakêdhap kemawon inggih lajêng botên katingal malih. Dene pun pêkir Iwanice, saking kagèt lan gumunipun, ngêmungakên lêgog-lêgog tanpa sagêd ngucap punapa-punapa.

Dene para kawula ing saindênging praja Ruslan, salami-laminipun botên badhe supe dhatêng lêlabêtanipun Sang Ilya anggènipun sampun sagêd amêjahi Idholice sawadyabalanipun. Ingkang atêgês: sampun angluwari praja Ruslan saking mêngsah ingkang tanpa tandhing.

Badhe kasambêtan.

--- 197 ---

No. 50. Taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Pêndjol, Malang, Roesdiatie, Blitar. R.M. Soerarkono, Surakarta, Hartini, Banjarnêgara, Uncle Sam, Singapore, Soetardjo Surakarta, S. Arnida, Bandung.

Karcis Silaturachmi wis daktampa kanthi bungah, ora liya padha nglanggêngake pangapura, lan muga-muga kowe kabèh pinaringan slamêt ora kurang sawiji apa sarta têmên anggonmu dadi kêponakane bu Mar.

Waidjah, Magêlang. Dhèk Sêtu kêpungkur kowe mêsthine wis maca karangan Kinanthi ing T.B., dadi tandha yèn wis kêtampan, iya bangêt panarimaku, ya! Salamku nyang Prapto.

R.A.S. Wahjoenah, Japara. Aku wis tampa layangmu, ora liya padha nglanggêngake pangapura, kok lucu ya Sri, ana tontonan lumban barang, kiraku ya langka sing madhani.

Nanging sing andhêmênakake ya payon jambu wèr, ayake nalika kowe ndêlok ngiras anggawa layah karo munthu, banjur mêthiki. Dene omah sing sarwa iwak, ya apik, nanging kok mêntah, upama matêng, ya saya apik manèh. Wahjoenah, srudhut kuwi nèk cara Magêlang ya ondhe-ondhe tela. Samsijah nalika nyang Bêtawi kok ora mampir nyang nggone bu Mar.

Sjoehada, Sjarbini, Wustha, Purbolinggo. Karanganmu wis kêtampan, bangêt panrimaku.

S. Broto, Ngayogya. Bangêt panrimaku kokirimi karangan.

Oemi, Kêbumèn. Ing Bêtawi ya ana Frobêl Kweekschool, nanging adoh saka omahe bu Mar.

Ratrisrikawoerjan, Pagajih. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênêng. Mula jênênge kanca-kancamu kuwi gagah, nanging bu Mar ora wêruh bab sêkolahe. Pitakonmu bab buku olah-olahan kang diimpun dening R.A. Soewarsi wis dadi, malah uga wis payu akèh. Yèn kowe arêp mêling ngirimana layang nyang Administratie.

Soenarmi, M.V.S. Aku wis tampa pitêpunganmu, bangêt panrimaku. Aja pisan dadi atimu karangan olah-olahan ora bisa kapacak.

Moerdjani, Pênêlêh VII/7, Surabaya. Karanganmu wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku.

Edi Wahjoemijadie, Blitar. Bangêt panrimaku kowe mêrlokake anêpungake nyang bu Mar. Kowe kok andhêmênakake têmên, arêp mêthuk nganggo motor lan arêp mlêsir-mlêsirake nyang ngêndi-êndi. Cuwa, dene aku durung bisa nuruti apa panjalukmu.

Kowe takon, pamulangan Mulo, ana pira, wah ya akèh, ayo ta têkaa ing Bêtawi lan etungên dhewe. Edi, bab olah-olah lan gezondheidsleer kanggo saiki ora bisa kapacak.

Aku durung têpung karo sêdulurmu Edi Poernama.

Moerasijah, Surabaya. Rada kasèp anggonku mangsuli, awit tansah ribut bae. Aja pisan dadi atimu, dene karanganmu ora bisa kapacak.

Soem, Kêbumèn. Cangkrimanmu wis daktampa kanthi sênêng.

Handijah, Pêkalongan. Bangêt panrimaku kokirimi layang pitêpungan lan nandhakake kasênênganmu maca Taman Bocah.

Imosoedarmo, Klathèn. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah lan karangan uga wis kêtampan.

Soepaydie, Lubuk Linggau, Sumatra. Aku samono uga, sakèhing luput ngapuranên sarta muga-muga kowe pinaringan slamêt ora kurang sawiji apa, têrus anggonmu langganan T.B.

Zorosjas lan Sanjoto, ing Balapulang. Bangêt panrimaku kokirimi karangan, nanging aja pisan dadi atimu, dene ora bisa kapacak.

Moeksin, Dampit. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah.

Niek Oesman, Pêkalongan. Lêluconmu wis daktampa, wah Niek, sapira gêdhene kobismu kang bobote limang kati, aku kok kêpengin wêruh.

Rochjati, Wlingi. Layangmu silatoerachmi wis kêtampan, bangêt bungahku.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar

--- 198 ---

TUKANG KUWIH ING DAMASKUS

(Candhake)

Nuridin nganti kêpriksan dening kiyai Patih, kang anjalari kiyai Patih mau kèndêl anggone tindak sarta andangu, sapa arane lan saka ngêndi asline.

Nuridin mangsuli: "O, Gusti, kawula punika saking Mêsir, kesah saking nagari kawula jalaran pasulayan kalihan sadhèrèk kawula ingkang sangêt kula trêsnani. Sampun kula manah-manah, langkung prayogi lêlana tinimbang wangsul dhatêng ing nêgari kawula piyambak."

Kiyai Patih ngandika kanthi sumèh: "O, anakku ênggèr, luwih bêcik aja kokbacutake lakumu, anaa ing kene bae milu aku. Yèn kowe nyênêngake lakumu mêsthi bakal nandhang sêngsara."

Kiyai Patih anggone ngandika nyênêngake bangêt, nganti Nuridin ora rangu-rangu, nurut apa dhawuhe lan wiwit dina iku ndhèrèk ana ing dalême kiyai Patih. Bêciking kalakuane, wêkêle sarta jatmikane, agawe sênênging panggalihe kiyai Patih mau. Anuju sawijining dina panjênêngane kyai Patih ngandika mênyang Nuridin mangkene: "Kowe wis wêruh dhewe, yèn aku iki wis tuwa, kira-kira uripku ana ing ngalam donya iki ora lawas manèh. Aku pinaringan sugih bangêt, lan uga pinaringan anak wedok mung siji. Wis pirang-pirang priyayi luhur ing kêrajaan kene kang nglamar arêp diolèhake putrane, nanging têkan saiki, aku tansah durung bisa anêtêpake êndi sing bakal dakpundhut mantu. Kiraku, Gusti kang Maha Kuwasa anêtêpake kowe, mula yèn dhangan atimu, kowe bakal dakdhaupake karo anakku, awit aku trêsna bangêt marang kowe lan asal-usulmu uga wis pantês bangêt, upama kowe dakdadèkake mantuku. Yèn kowe gêlêm, aku bakal matur nyang Sang Ratu, supaya kowe kadadèkake Patih minangka gêntiku. Ing sarèhne aku iki wis kêpengin ngaso, saiki uga aku arêp masrahake kabèh barang darbèkku lan pangkatku marang kowe."

Barêng kiyai Patih wis kèndêl anggone dhawuh. Nuridin banjur nyêmbah ing sampeyane, nandhakake gêdhening kabungahane lan panarima, sarta matur sandika. Kiyai Patih nuli nimbali para kawulane supaya tata-tata bakal dhaupe Nuridin lan putrane. Para kawula ing kadhaton uga katimbalan anjênêngi paargyan mau.

Barêng kabèh wis padha kumpul, kiyai Patih ngandika, kanggo ngarêm-arêmi sing ora ditampa panglamare mangkene: "Mitra kula sadaya, andadosna kauningan, kula punika gadhah sadhèrèk jalêr, dados patih ing Mêsir lan gadhah anak jalêr satunggal, ingkang lajêng kakintukakekakintunake. mriki, supados dhaup kalihan anak kula amrih supêkêting pasadhèrèkan. Kêpenakan ingkang dèrèng nate sumêrêp dhatêng kula punika, dèrèng dangu punika dhatêng ing kitha ngriki.

Kula ugi dèrèng sumêrêp, nanging sarêng piyambakipun dhatêng, kula lajêng ngêrtos, nitik paraeanipun,paraenanipun. manawi piyambakipun punika anakipun sadhèrèk kula jalêr. Piyambakipun lajêng kula ajak dhatêng ing griya kula. Sarêng sampun kêmpal sawatawis dangu, anitèni saening watakipun, lajêng kula mbotên rangu-rangu amêndhêt mantu piyambakipun. Ingkang punika panjênêngan sadaya kula aturi nêksèni dhauping lare kalih wau!"

Ing wêktu iku wong-wong banjur padha sênêng-sênêng, nanging kang rumasa sênêng dhewe yaiku Nuridin. Dhaharan kang diladèkake sarwa enak, cêkake kayadene paargyan ing kêdhatone Sang Ratu.

Bangêt anggumunake, dene ing dina dhaupe Nuridin, Samsudin uga dadi pêngantèn ana ing Mêsir.

Sawise mulih saka anggone ndhèrèk ambêbêdhag Sang Ratu, lan Nuridin ing omah ora ana, sarta diêntèni nganti lawas ora têka-têka, banjur ngêrti yèn Nuridin ora niyat mulih. Bangêt gêtuning atine dene pasulayan karo sêdulure kang mung siji thil. Dhèwèke nuli kongkonan anggolèki ing nêgara liya, nanging ora ana sing olèh gawe. Kanggo nglalèkake susahe anggone pisah karo sadulur, dhèwèke banjur dhaup karo putrining salah sawijining bangsa luhur ing Mêsir, lan kaya sing kacaritakake ing dhuwur, barêng sadina karo dhaupe Nuridin putrine Patih ing Balsora.

Dhaup barêng sadina mau wis bangêt anggumunake, ananging luwih anèh manèh, banjuring lêlakon, iya barêng sadina lan barêng sajam, Samsudin pinaringan duwe anak wedok lan Nuridin anak lanang.

Bungahe maratuwane Nuridin tanpa upama, nuli ngadhêp ana ngarsane Sang Ratu, matur supaya Nuridin kadadèkake Patih.

Sang Ratu kang wus ngêrtos marang kapintêran lan kabêcikane Nuridin uga nayogani bangêt. Nuridin barêng wis kadadèkake Patih, bangêt ditrêsnani dening para kawulane, lan dipitaya dening maratuwane. Barêng Nuridin wis pitung taun anggone jêjodhoan, kiyai Patih seda. Nuridin susah bangêt sarta wis ora ana sing anggulawênthah anake lanang kang dijênêngake Barudin Hasan.

Barudin diundangake guru, kang mulang bab agama lan liya-liyane. Kacarita si Barudin mau dhasar bocah lantip. Diwulang sadhela bae wis bisa maca, lan sajrone rong taun wis apal Quran. Banjur Barudin diwulang guru-guru liya. Barêng wis umur 12 taun, ora pêrlu nganggo guru manèh.

--- 199 ---

Barudin mau bagus rupane, lan sapa sing wêruh dhèwèke mêsthi gumun sarta dhêmên. Barêng wis umur 18 taun, banjur diwulang patrape dadi patih, awit gagasane samangsa-mangsa Nuridin kapundhut nyang Ingkang Kuwasa, Barudin wisa bisa anggêntèni. Ora lawas Nuridin anggone nyawang anake lanang, dhèwèke banjur lara bangêt. Barêng wis krasa yèn arêp mati, Barudin diundang banjur dikandhani mangkene: "Anakku nggèr, kowe rak wis ngêrti yèn urip ana ingalam donya iki ora lawas, dene lakune nyang acherat iku gampang lan enggal yèn kanthi nglakoni kabêcikan, nanging pêtêng sarta angèl, yèn nganti nglakoni panggawe ala. Mula kowe kudu jaga-jaga dhewe, nglakonana kuwajibanmu kaya kang katulis ing Quran. Kowe rak durung tau ngêrti, aku iki sapa, mula sadurunge aku kapundhut Ingkang Kuwasa dakcritani asal-usulku, mara ta rungokna:

Ana candhake.

MULA BUKANE TIKUS IKU SABA ING OMAHE MANUNGSA

Sawijining dina ana blêdug (anak gajah) saba ingalas, dumadakan ana tikus njranthal liwat ingarêpe blêdug mau, kang njalari bangêt kagète, sabab ora wêruh pinangkane. Blêdug mau calathu: "Iki apa, kewan cilik bae kok bisa gawe kagèt awakku." Tikus kang mlayu mau tikus wis tuwa lan awake kalêbu rada gêdhe. Barêng tikus mau krungu, yèn diunèkake kewan mung cilik bae banjur cêngkelak bali mênyang panggonane si blêdug mau karo calathu: "He blêdug, sapa sing kandha yèn awakku iki cilik?"

Blêdug mangsuli: "Sing kandha iya aku, sabab awakmu iku yèn taktandhing karo aku ora ana sapra atuse."

Tikus: "Ach aku ora ngandêl yèn awakku iki kalah gêdhe karo kowe, yèn ora ngandêl, ayo padha disêksèkake wong-wong ing pasar kae."

Blêdug nyaguhi.

Blêdug lan Tikus mau nuli padha mênyang pasar, lagi bae mlêbu ing lawange pasar, wong-wong wis padha alok-alok: "He, he, ana gajah cilik, ana gajah cilik." Sawênèh ana kang alok-alok: "Tikus gêdhe bangêt, tikus gêdhe bangêt.

Blêdug krungu aloking wong-wong mau rumasa kawirangan marang tikus, mulane blêdug mau têrus bali mlayu mênyang alas. Ananging si tikus arêp bali mênyang omahe ora wêruh dalane, sêbab ditinggal lunga karo blêdug mau. Mula si tikus tansah kêsasar-sasar nganti têkan omahe manungsa iku.

Hoedadi

GUGONTUHON ING BUWANA EROPA

Manut dongèng kuna, dhèk biyèn ing Eropah ana Nata binathara. Panjênêngane ditrêsnani dening para kawulane kabèh. Kala samono jajahane Sang Nata amba bangêt, ya kuwi tanah Jêrman, Prancis, Belgie lan nagara Walanda, prasasat tanah Eropah Kulon kabèh. Pancèn nyata Sang Nata pintêr ngasta pusaraning praja.

Dhèk samana panjênêngane karsa yasa greja kang gêdhe bangêt ing kutha Akên. Sawuse wawansabda karo sawijining juru gawe omah, banjur dhawuh yasa greja kang diwatêsi suwening panggarape. Juru gawe omah nyandikani.

Nanging kocapa temboke janji wis ngadêg, liya dina mêsthi banjur ambruk, agawe kagète wong akèh. Wis rambah-rambah temboke didandani, nanging mêsthi ambruk manèh. Sang Nata banjur paring prajurit 1000 kadhawuhan njaga, nanging tanpa gawe, awit para prajurit mau padha ora wêruh rubuhe tembok. Suwening panggarap kang katamtokake wis mèh êntèk, kari 5 dina.

Juru gawe omah bangêt susahe, awit grejane durung rampung, dhèwèke mêsthi bakal tampa pidana saka Sang Nata.

Sawijining dina juru gawe omah mau mlaku-mlaku mênyang alas, satêkaning alas mikir-mikir. Ujug-ujug dhèwèke dicablèk wong saka buri lan calathu. "Aku wêruh kang kokpikir lan aku saguh nulungi, yèn kowe saguh prajanji karo aku, yèn uwong utawa kewan kang mlêbu dhisik dhewe ing greja, kuwi dadi duwèkku."

Juru gawe omah kagèt bangêt, ngawasake wong mau sajak ora ngandêl.

Wong mau calathu manèh: "Aku saguh gawe greja kaya kang korancang sajrone sawêngi yèn kowe gêlêm nuruti janjiku."

Juru gawe omah nyaguhi lan sanalika wong kang anèh mau ilang. Wong mau awake kuru lan dhuwur. Ing sirahe kapara ngarêp ana sungune loro. Sikile sikil kêbo. Sanyatane wong mau bangsa setan. Esuke nyata grejane wis dadi. Agawe cingake wong akèh. Nanging wong-wong mau ora ana siji-sijia kang wani mlêbu dhisik, awit wis padha ngêrti. Wusana ana gêrma têka, kang mêntas entuk mênjangan. Kewan mau banjur dilêbokake greja. Sadhela manèh wong-wong padha krungu, yèn setan wis mangan mênjangan, nuli lagi padha wani mlêbu. Ing kono padha wêruh, yèn mênjangan wis mati. Anèhe dene inêbing lawange greja mau mung sasisih, dadi sing sasisih mênga mlompong tanpa inêb. Wong-wong nuli padha gawe lawang sasisih manèh, nanging nganti saiki durung ana kang cocog. Sadhela bae pawarta mau wis sumêbar satanah Eropa. Dene greja gaweyane setan mau aran Domkerk, lêstari nganti saiki ana ing kutha Akên nêgara Jêrman.

Boentarta

--- 200 ---

KUTHA SINGAPUR

(Candhake)

Barêng motor-motor mau (duwèke "Royal Air Force") wis ora katon, aku têrus ngèkêr ngiwa nêngên ndêlêng kaanane ing kono. Ing sisih kiwa katon pula Sambu, tangkine B.P.M., pating jênggêlêg, cêmlorot kêna soroting srêngenge. Kiwa têngên, ngarêp buriku kapal gêdhe cilik padha ngênêr mênyang pêlabuhan. Kapal pêrang uga ana, mbêgêgêk kêpara adoh saka dharatan, ketoke nggêgirisi bangêt, miyême pating crongot, sajake padha nantang: "Ayo, arêp apa kowe!" Cocog bangêt yèn diarani "dreadnought," têgêse "ora wêdi."

[Grafik]

Beca ing kutha Singapur.

Saya cêdhak manèh, aku gumun wêruh omah dhuwur-dhuwur, pirang-pirang lotèng, kaya ta : Town-Hall, General Post Office, Union Building, China Building, lan kantor-kantor bank, toko-toko. Mripatku nganti pêdhês ndêlêng kaanan mangkono kuwi. Jênênge ya durung "skyscrapers," nanging dhuwure wis lumayan, ing tanah Jawa ora ana omah sing madhani, apa manèh ngungkuli.

Mudhunku ana ing Tanjong Pagar, dipêthuk dening punggawa "Immigration Department," ya kuwi sing nindakake gawe mlêbune wong saka ing tanah ngamanca. Punggawa-punggawa mau kabèh wong Mlayu, blanjane bokmanawa mung 20 utawa 25 dollar, nanging wujude, wah ngedab-edabake bangêt, apa manèh yèn wêruh wong anyar kang ketoke wêdi, anggone nyêntak-nyêntak saya nggêgirisi. Mulane yèn kowe mbesuk bokmanawa têkan ing Singapura, aja bangêt-bangêt anggonmu andhap asor, mundhak diarani wêdi.

Wong-wong kang lagi mudhun saka kapal têrus padha digiring kaya wêdhus mênyang kantor Immigration, dene barange kudu ditinggal ana ing kantor Pabean. Ing "Immigration Office," paspoort-paspoort padha dipriksa dening wong Inggris (Officer) yèn wis kêtêmu cukup ora kurang sawiji apa wonge lagi mêtu, njupuk barange lan mlêbu ing kutha.

Barêng aku mêtu saka kantor Pabean kagèt, dipêthuk tukang rickshaw, pating cruwit kaya manuk jalak rêbutan cacing. Rickshaw kuwi kreta cilik kanggo wong loro, digèrèd bangsa Tionghoa. Lumrahe diarani "beca." Sarèhning aku durung wêruh dalan-dalan ing Singapur, aku ora wani nunggang rickshaw, dadi ngundang taxi, luwih murah. Taxi ing kono warna-warna, sing takpilih motor Ford cilik cète kuning, yaiku sing diarani "Yellow Cap," sewane murah mung 20 sèn sapal.

Lagi bae mêtu saka ing Tanjung Pagar Road, aku wis gumun manèh, wêruh ana tram lêstrik tanpa ril, jênênge "trawley," mèmpêr kaya bus gêdhe, bisa menggak-menggok, nyuda bêbaya nunjang wong. Manut pituture kanca, aku anjujug ing "Myako" hotèl Jêpan ing "Beach Road". Ana ing taxi tansah ngapalake cara Inggrise njaluk kamar, dadi panêmbungku mêtune saka cangkêm prasasat waton mêtu bae, nganti kamisosolên. Sing mêthukake aku nyonyah, barêng krungu gunêmanku, mlênggong, awit kaya wong London, têrus mangsuli cara ... Mlayu!" "Saya tak pandhe cakap English lah". Gagasanku malah kêbênêran.

Ana candhake.

--- [1621] ---

Ôngka 102, Rê Lê, 19 Sawal Ehe 1868, 22 Dhesèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Sêsawangan - Bab Gôngsa - Nusakambangan - Tatacara Riyadi Sawalan ing Rêmbang - Kawontênan ing Mêsir - Bab Pilêm Têrang Bulan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Sêsawangan

[Grafik]

Gambar pêpêthan sawangan pasitèn ing sacêlakipun rêdi.

--- 1622 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Gôngsa

Gôngsa makatên ewoning kagunan swara, ananging wujud pirantos, sampun tamtu kenging winastan piranti swara, cara Walandinipun: muziek-instrument. Mungêlipun manawi tinabuh, pramila lajêng aran tabuhan. Mênggah aran gôngsa, punika aran saking bakalipun gôngsa. Gôngsa makatên prunggu. Lajêng ugi aran gamêlan, lah punika tuwuh saking pakartinipun, gôngsa makatên dados gamêl (êmban) gamêlipun bêksa, têrangipun, cobi ambêksa tanpa gamêlan, raosipun rak ampang, botên sanès jalaran makna tanpa êmban wau. Cêkak gumbiraning tiyang ambêksa jalaran saking ungêling gôngsa.

Wontên bôngsa sagêd, ngandika yèn ta gôngsa punika kalêbêt barang kasênêngan: kanggo dhewe: (plaatselijk), kok inggih botên lêpat, liripun botên kados musik têbanipun pancèn wiyar nyarambahi sabuwana. Dalah ing ngriki, bôngsa Jawi kathah ingkang sagêd musik wau, gôngsa tumraping liya bôngsa sajak botên kangge, ambokmanawi jalaran mênggahing lagu Jawi dèrèng (botên) rumasuk ing raosipun. Ananging nadyan makatên kula inggih purun mastani ragi wiyar têbanipun, tumrap tanah Jawi, cobi kagalih saking kilèn mangetan kêmput tanah Jawi, nglacak malih dhatêng pulo Madura, punika gangsanipun sami kemawon.

Ing Bali ugi wontên gôngsa, ananging gagrag ragi beda, wêwah cengkoking lêlagon ugi beda, ananging nitik wujud kathah èmpêripun gôngsa Jawi, sagêd ugi gôngsa Bali nunggil asalipun gôngsa Jawi. Bab punika nalaripun makatên: duk jaman Majapait bêdhah (abad 12) kacariyos darah Majapait ingkang botên tundhuk agami Islam sami lumajêng dhatêng pulo Bali, lah lêlampahan makatên wau nama boyongan, mênggah bêbêktanipun warni-warni, cêkakipun gôngsa inggih tumut kaboyong. Kados makatên cêkakaning cariyos.

Samangke ngrêmbag gôngsa malih, punika miturut ungêl (cara gôngsa larasipun) wontên warni 2, 1e. kasêbut laras slendro, 2e. kasêbut laras pelog. Kupiyanipun nupiksani laras kêdah mangrêtos sêkar (kidung), lah punika tumrap bôngsa Jawi inggih tamtu sagêd. Cêkakipun sêkar: Durma, Mêgatruh, Mijil, punika sêkar lagu pelog, dene Sêkar Artati, Sinom, Pangkur lan kathah malih, lah punika lagu sêkar slendro. Yèn tinampèn ing gôngsa inggih kêdah gôngsa slendro.

Ananging andadosna kauningan: Sêkar Artati, Sinom tuwin sanèsipun wau ugi wontên ingkang sagêd tinampèn gôngsa pelog, amargi kenging linagokakên pelog, sabab saking punika jangkêping gôngsa inggih kêdah slendro pelog. Gôngsa slendro namung 1 rakit, dene gôngsa pelog 2 rakit. Punika sampun umum ing pundi-pundi.

--- 1623 ---

Nyêlani atur, kula asring mirêng tiyang andongèng, gôngsa slendro dipun anggêp langkung sêpuh katimbang gôngsa pelog. Lah bab makatên punika namung kasumanggakakên. Sajarah cêkakan:

1e. Sababipun aran laras slendro, kinojah ing suwau asli saking Kaendran, inggih punika kahyanganing Bathara Endra.

2e. Wontên malih beda dêdongenganipun, inggih punika slendro, kagalur saking têmbung sulendro, asmaning satunggiling raja jaman Mataram kina, inggih punika ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat Jawi kratonipun Mêdhangkamulan punika. Ing jaman punika wontên raja asma Sri Sulindra, punika atêgês ingkang ambangun laras wau.

3e. Sarêng caranipun Têgal Pakalongan, mastani gôngsa slendro punika: gôngsa Jawi. Upaminipun: ambok tuli nabuh sing Jawa, punika pikajêngipun saking pelog alihan nabuh gôngsa slendro.

Wangsul malih dhatêng gôngsa, yèn gôngsa (têtabuhan Jawi) punika karakit dados 3, inggih punika gôngsa slendro 1 rakit, gôngsa pelog 2 rakit, ingkang sarakit cara Têgal winastan: pelog singgul, ambokmanawi cara wetan winastan pelog bêm punika. Sarakitipun malih, cara Têgal winastan gôngsa barang Mataraman, yèn cara wetan kados namung limrah winastan: barang kemawon. Kados makatên mênggah gôngsa 3 rakit wau, utawi limrahipun ing Têgal, gôngsa 3 rakit wau winastan: gôngsa siji laras.

[Grafik]

Samangke badhe mijang kawontênaning rakitanipun, lah punika prayogi mundhut suling bolong 6, ananging kêdah uninga yèn swara suling wau, upami kacocogakên gôngsa panjênêngan tamtu dèrèng mêsthi cocog, ananging mênggahing teori, suling bolong 6 kasêbut nama waton kangge pamijangipun. Sababipun punapa..., lah inggih suling makatên wau limrahipun suling ingkang sagêd mrika-mriki, liripun dipun slendrokakên sagêd, dipun pelogakên inggih sagêd, pramila swara ing suling ngriku kenging kasêbut babon bibiting gôngsa. Kados makatên patrapipun. Ing môngka ing suling ngriku cacah namung 7 swara, dados inggih 7 swara punika sanyata bibiting gôngsa kagunan swara Jawi punika, ingkang sipat slendro pelog.

Badhe kasambêtan.

Sumadi, Pangarasan.

--- 1624 ---

Nusakambangan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 101

Tumrap tiyang ingkang dèrèng sumêrêp, ing papan ngriku punika tamtu dipun wastani griya-griyanipun têtiyang kêplêsit utawi têtiyang gêgriya namung sawatawis dangunipun. Mênggah nyatanipun pancèn têtiyang bêbaku griya botên beda kados sacaraning dhusun ing dharatan, wontên kêpalanipun dhusun pêpak sapunggawanipun, malah ugi sampun wontên pamulanganipun dhusun punapa.

Manawi mirid wujuding griya, adêgipun beda sangêt kalihan limrahing griya ing dharatan, nanging manawi sampun wontên salêbêting griya, raosipun sami kemawon, namung kaot jarambahing griya mawi galaran, tuwin manawi dipun ungak katingal kimplah-kimplahing toya sagantên.

Sampun kacariyos ing ngajêng, panggêsanganipun têtiyang ing ngriku sami misaya ulam, lajêng dipun gêrèh tuwin traos. Umumipun têtiyang ing ngriku sami gadhah tandhon gêrèh tuwin traos, mila tumrap têtiyang ingkang dèrèng nate ngambah ing ngriku utawi botên tahan dhatêng gandaning gêrèh tuwin traos, tamtu lajêng ngêlu. Nanging mênggah sajatosipun, ing pundi griya ingkang kandêl gandanipun botên eca, punika malah dados tôndha panggenanipun tiyang ingkang sugih bôndha.

[Grafik]

Griya-griya ing dhusun Mutihan, dipun tingali saking sêtumbargas

Têtiyang ing ngriku punika kapetang kathah ingkang kacêkap, kenging dipun wastani panggêsanganipun dhêdhasar dagang, inggih punika anggènipun sade gêrèh lan traos, mangrêtos dhatêng kêndho kêncênging padagangan, tamtunipun tumrap ingkang sanès tiyang ngriku, anggadhahi panggagas, punapa têtiyang ingkang gêgriya ing ngriku punika inggih kraos, awit kawontênanipun têbih ngrika têbih ngriki, pasanjanipun botên sanès inggih namung muthêk wontên ing ngriku kemawon.

Pangintên ingkang kados makatên punika pinanggihipun tamtu malah ngosokwangsul. Tumrapipun têtiyang [tê...]

--- 1525 ---

[...tiyang] ing ngriku, rumaos mênang sawangan bawera, sumêrêp mulak-mulaking toya ingkang mêndhak-mêndhukul tanpa kêndhat, sagêd nyawang adining pulo Nusakambangan ingkang katingal ijêm damêl asrêping pandulu, makatên malih tumindaking pangupajiwanipun cakêt kanthi sênêng. Panganggêp ingkang kados makatên punika inggih sampun botên kenging dipun paibên.

Miturut tatacaraning kalimrahan, têtiyang ing ngriku punika nyakêti dhatêng Nusakambangan tinimbang dhatêng dharatanipun tanah Jawi, kados ta: manawi pados toya ombèn dhatêng Nusakambangan, kuburanipun ugi wontên ing Nusakambangan.

Ing kala rêja-rêjaning jaman, têtiyang ngriku punika manawi gadhah damêl ingkang nama agêng-agêngan, mawi andhatêngakên tanggapan saking têbih, upami nayuban, ringgitipun pados saking Surakarta utawi Ngayogya, manawi ringgitan wacucal inggih pados dhalang ingkang misuwur.

Nanging sarêng katrajang jaman ngrêkaos, padagangan ing ngriku ugi katut kêndho sangêt, ngantos nuwuhakên sêsambatipun têtiyang ing ngriku. Malah wontên wartos, têtiyang ing Pajagan sami gadhah atur dhatêng parentah nyuwun pasitèn, badhe pindhah dhatêng dharatan.

Tumraping pulo Nusakambangan punika kathah cêcariyosanipun, wontên ingkang cariyos, ing salêbêting pulo ngriku kathah kewanipun môncawarni. Ing kala dèrèng kababad dados kabudidayan, taksih wontên kewanipun ingkang anèh-anèh.

Sawanganipun ing sagantên, sêngsêmipun pinanggih wontên ing sakidulipun Nusakambangan, ing ngriku ombakipun agêng-agêng, kenging kabasakakên sarêdi-rêdi, têmpuhing alun mawa suwara jumêgur, muncratakên toya ngantos wujud kados pêdhut. Gumolonging alun ingkang nêmpuh ing pinggir, katingal kados badhe ngêlêm dharatan, nanging pinanggihipun, sadumugining pinggir lajêng sarèh kados ngalokro krodhanipun. Kawontênan sadaya wau namung damêl sêngsêmipun ingkang sami mriksani.

Mirid dêdongenganipun tiyang ingkang sampun nate nyumêrêpi, ing sakidulipun pulo Nusakambangan ragi kapering wetan, wontên pulonipun alit nama Karangbandhung, inggih ing ngriku punika ingkang wontên witipun sêkar wijayakusuma. Ing pulo wau kajawi wingit wontên ing cêcariyosan, wujudipun inggih pancèn rumpil sangêt, toyanipun ngêsong dhatêng sangandhaping pulo, mila pulonipun katingal tumawing sangêt, lôngka tiyang ingkang sagêd minggah ing ngriku, kajawi ingkang sampun tekad pêjah. Baita botên sagêd nyêlak mriku, saupami wontên ingkang purun narajang, inggih rêmuk dipun kêplèkakên ing ombak.

Dene caranipun tiyang ingkang badhe minggah ing ngriku kêdah numpak gèthèk, tumraping gèthèk, sanadyan dipun ontang-antingna ing alun, botên wontên bêbayanipun. Angèning badhe minggah ing pulo wau, samôngsa gèthèk kabucal ing alun minggir ing pulo, tiyangipun lajêng nyandhak oyod ingkang manglung ing sagantên, anggandhul saha naracak minggah. Mangke mandhapipun inggih lajêng ngêjlogi gèthèk ingkang pinuju wontên ngandhapipun.

Badhe kasambêtan.

--- 1656 ---

[Grafik]

Têtiyang nuju sêmbahyang ngadhêpakên kakbah wontên mêsjid Al-Haram, ing nagari Mêkah

Tatacara Riyadi lan Sawalan ing Rêmbang

Kados para nupiksa botên badhe kêkilapan sabên Bakda Riyadi ing pundi-pundi panggenan tamtu angadhahi tatacara piyambak-piyambak. Nanging ingkang badhe kula aturakên punika tatacara riyadèn lan Sawalan ing Rêmbang, awit pamanggih kula ragi wontên bedanipun sakêdik kalihan sanès nagari.

Ing kitha Rêmbang punika wontên Riyadèn kalih warni, inggih punika Riyadi Agêng (Siyam) lan Riyadi Sawal.

1. Riyadi Siyam ing Rêmbang ingkang dipun agêngakên dening para sadhèrèk ngriku prakawis ngungêlakên mrêcon, ngungêlakên mrêcon wau wiwit malêm sêlikur, agêngipun malêm Riyadi dumugi enjingipun. Swaraning mrêcon tanpa wontên kèndêlipun, pating jlêdhor, pating glêgêr, binarung ungêling mrêcon rentengan, lir pendah kiyamat andhatêngi. Mila pancèn inggih angedap-edapi ingkang sawêg katêmbèn mirêngakên. Kajawi punika, inggih botên nama anèh, yèn ing kitha Rêmbang Bakda Riyadi mrêcon, awit ingatasipun satunggal kitha wontên pabrikipun mrêcon kalih panggenan, tur bab rêgining mrêcon mirah. Kosokwangsulipun bab plêsiran prasasat botên wontên, kajawi namung sami kesah prêlu silaturohmi halal-bihalal. [halal-bi...]

--- 1627 ---

[...halal.]

2. Riyadi Sawal utawi kupatan

Tatacara ing Rêmbang, kupatan punika sabibaripun Riyadi Agêng, têtiyang sampun wiwit sami bancakan kupat saha lêpêt, kakêpangakên lare-lare, botên tiyang sêpuh kados nagari sanès. Tumindak makatên wau gêntosan dumugi tanggal kaping wolu Sawal, inggih punika ingkang dipun wastani Riyadi Sawal. Inggih dintên punika plêsiranipun sadhèrèk kampung utawi para priyantun anglur dhatêng sagantên prêlu ningali lumban.

Mênggah ingkang dipun wastani lumban punika, botên adus, nanging têtiyang ambalah (juru misaya ulam), têtiyang pakampungan, para priyantun sami rukunan saha urunan, sami numpak baita, ingkang baitanipun sami dipun rêngga-rêngga (pajang-pajang), saha sami sangu warni-warni, inggih punika: têtêdhan, ombèn-ombèn, gamêlan, jèsbèn, kodhak (pirantos motrèt) lan sanès-sanèsipun. Lampahing baita mubêng-mubêng ing sagantên ngriku, trêkadhang wontên ingkang dhatêng pulo suwung, nama: pulo Marongan, Masaran, saha pulo Suwalan. Sadaya wau dumunung ing salèr kilènipun pasisir ing Rêmbang, wiwitipun lumban punika jam 6 utawi jam 7 enjing, ngantos sontên sawêg sami mantuk. Kathahing tiyang ningali tanpa wicalan, ngantos ing salêbêting pakampungan saha padhusunan sami sêpên mamring, jalaran tiyangipun sami kesah ningali wau. Malah tiyang saking sajawining Rêmbang ugi kathah ingkang dhatêng ngriku ningali, kados ta saking: Blora, Pathi, Kudus lan sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Nalika malêm Riyadi Sawal saha enjingipun ugi taksih kathah tiyang ingkang sami ambrondong mrêcon kados nalika Riyadi Agêng.

Wasana namung punika atur kula bab tatacara Riyadi ing Rêmbang.

S.W.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing dintên Ngahad sontên tanggal 26 Dhesèmbêr 1937, wanci jam ½8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Pangeran Kusumadilaga. Ingkang mêdhar sabda Tuwan S. Sastrasuwignya.

--- 1628 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Mêsir

Sajumênêngipun Nata Mêsir enggal Prabu Faroeq, tataning praja ugi pinanggih sarwa enggal. Pinanggihing lêlampahan praja ingkang makatên punika, manawi dipun urut-urut, tumrapipun nata ingkang jumênêng sapunika kenging dipun wastani kantun manggih klasa gumêlar, ruwêd-rêntêngipun sampun dipun babadi suwargi ingkang rama tuwin ingkang eyang-eyang ing ngajêng. Wah malih kala jumênêngipun Nata Prabu Faroeq punika kapetang dèrèng diwasa, tamtunipun sawarnining kawigatosan praja taksih dipun apèn-apèni ing para yuswa tuwin para ingkang mumpuni dhatêng ulah praja.

[Grafik]

Sang Nata Faroeq nuju anjumênêngi sapisanan pambikaking parlêmèn, ingkang wêdhar sabdanipun dipun wakili mantrimuka Mêsir.

Ingkang pinanggih wigatos ing kalanipun sang nata jumênêng, punika ing bab badhe mardikanipun Mêsir gêgayutanipun kalihan Inggris, awit punika ingkang sampun dados rêmbag lami saha dados idham-idhamanipun praja Mêsir. Sarêng sampun kalampahan, kêkuwungipun nagari Mêsir lajêng katingal, kathah panguwaos-panguwaos Mêsir ingkang sumrambah tuwin katingal têtêp ing kamardikanipun, kados ta gêgayutanipun pajagèn-pajagèn ingkang rumiyin maligi dipun cêpêng Inggris, sapunika sagêd lumintir wontên panguwaos Mêsir.

Saèstunipun kamardikanipun Mêsir punika anjunjung praja tuwin kabangsanipun saèstu. Mila sarêng Mêsir sampun mardika saèstu, para pangagêng tuwin para ingkang sami katingal, ingkang gêgayutan kalihan paprentahan praja tansah ngudi murih kamajênganipun praja Mêsir, inggih bab punapa kemawon, dene ingkang kawigatosakên piyambak, ing bab babagan kamiliteran.

Manawi dipun timbang kalihan praja Islam sanès-sanèsipun, kados ta Irak tuwin Turki, praja Mêsir pinanggih taksih kantun piyambak. Tumrap praja [pra...]

--- 1629 ---

[...ja] kêkalih wau sampun wontên undhang nagari nêtêpakên lare-lare sêkolah dipun wulang nyumêrêpi tata kamiliteran, dene tumrap pamulangan luhur kêdah tumindak cara caking padamêlan militèr.

Tumrap Mêsir inggih sampun dangu gadhah sêdya makatên wau, malah sampun wiwit kala dèrèng angsal kamardikan, nanging kala samantên taksih wontên èwêd-pakèwêdipun dening kaaling-alingan dèrèng mardika wau, awit babagan makatên wau pinanggih dados kawigatosanipun Inggris. Mila kala samantên inggih namung kandhêg wontên ing pangrancang kemawon.

Ing sapunika parentah Mêsir sawêg rumaos ombèr yêktos, lajêng manah dhatêng babagan kamiliteran wau, dene ingkang langkung ngangsêg saha gadhah usul dhatêng parentah, pinanggih wontên ing pangagêng militèr tuwin ministêr babagan pangajaran.

Ing sapunika sawarnining pamulangan nagari sampun kalampahan kawontênakên wulangan babagan kaliliteran, botên beda kadosdene Irak tuwin Turki. Murid-murid pamulangan ing Mêsir sami dipun wulang ulah raga cara militèr, dipun gêgulang agêng ing manah, kêndêl, wêwatêkan sae tuwin sumêrêp dhatêng wajib.

Kados sampun dados adat kalimrahaning praja, botên wontên ewah-ewahan, tamtu wontên ingkang angramèni. Kados ing ngajêng sampun kêrêp kawartosakên ing bab ebag-ebahan ingkang dipun tindakakên dening golongan mudha Mêsir ingkang nama El Wafdi. Golongan wau tumrapipun Mêsir pinanggih ingkang santosa piyambak, bakuning kajêng, ngudi murih Mêsir tumuntêna mardika. Golongan wau ugi angsal pangayoman dening prayagung ingkang anggadhahi panguwaos.

Golongan El Wafdi wau dipun pangagêngi dening Nahas Pasha piyambak, ingkang sapunika nyêpêng bambang pangalum-aluming praja, tuwin pancèn nyata golongan punika pinanggihipun wontên ing Mêsir ingkang agêng tuwin wigatos piyambak. Nanging ing ngriku lajêng tuwuh golongan enggal ingkang madêg saking golonganing para mudha pangajaran, dêrênging golongan punika ngungkuli golongan ing ngajêng, malah lajêng gadhah panganggêp, sawarnining ewah-ewahan ingkang pinanggih ing Mêsir punika dèrèng marêmakên. Golongan wau sami ngangge kêmeja ijêm.

Para neneman golongan eggal punika malah lajêng gadhah pandakwa ingkang botên-botên dhatêng Nahas Pasha, tuwin supados kèndêl saking anggèning nyêpêng bambang pangalum-aluming praja, ing salajêngipun golongan kêmeja ijêm wau angsal têtindhih nama Ahmad Hoesein ingkang dayanipun saya ngajêngakên kamurkan. Malah golongan kêmeja ijêm wau sampun nate kêlampahan campuh kalihan golongan El Wafdi. Wusana pinanggihipun ing wingking sagêd ngêndhih sawatawis dhatêng dayanipun El Wafdi. Malah lajêng wontên usul supados golongan El Wafdi wau dipun icali kemawon. Namung sarèhning golongan wau angsal pangayoman santosa, inggih punika Nahas Pasha, manawi ingkang ngayomi wau botên kêpisah, lôngka sagêdipun bibar. Wusana bab punika saya rame araos sami rêbad dêg, ngantos konjuk dhatêng ngarsa nata. Salajêngipun dados pajagèn pulisi, murih pinanggih sami têntrêmipun.

--- 1630 ---

Rêmbagipun: Petruk lan Garèng

Bab pilem têrang bulan

Garèng : Mêngko sik, Truk, sadurunge ambanjurake rêmbugane lagi anu kae, aku arêp takon ing bab liyane dhisik. Layang-layang kabar sajagad Batawi iki, kêna diunèkake wis rampung anggone rame padha ngrêmbug kaanane pilêm anyar sing diarani: Têrang Bulan, lho, kowe têka bungkêmên ora ngandhakake apa-apa, Truk.

[Grafik]

Petruk : Wong aku iki rada rikuh, kang Garèng, layang-layang kabar sing akèh wis padha ngabarake sarana pangalêmbana sing nganti plêkikên, kuwi mêngko yèn aku banjur mèlu ngrêmbug, kuwatirku, gèk mêngko dièncêpi wong akèh, dianggêp aku jail mêthakil.

Garèng : Lho, sajake têka anar rusiane. Ora, Truk, ora antara suwe manèh, pilêm Têrang Bulan iki mêsthi diplêsirake nyang saindênging tanah Jawa, lan kiraku iya diubêngake ing saindênging jagad iki. Mulane panjalukku nyang kowe, sarèhne rêmbugmu kuwi sathithik-sathithik ana sing anggugu, ambok coba lairna sathithik mungguhing panêmumu ing bab kaanane pilêm mau. Yèn mula bêcik, bèn bangsane dhewe iki bisa anêksèni kabèh, yèn kurang apik...

Petruk : Wah, kang Garèng, nèk pilême pancèn iya jêmpol têmênan. Kaanane sêsawangan ing sagara, ing pulo, kalane ana kobongan, sêsawangan ing Singgapura, lan sapadhane, mula iya ngrêsêpake ati têmênan. Nyanyiane sing padha main, iya suwara lanang, iya suwara wadon, nyang kuping pancèn iya sêgêr. Pamaine wong-wong sing padha dadi pilêm mau, sing akèh iya wis lumayan, ingatase bangsane dhewe têka wis padha bisa dadi tukang main ing gambar idhup (filmster) kuwi bisa gawe mêthunthunge bangsane dhewe iki. Kajaba saka iku, kang Garèng, agawe lêganing atiku sagumuk, dene pilêm mau saperangan gêdhe digawe ana ing tanahe dhewe kene, kathik sing main wong-wong bangsane dhewe kabèh. Mung bae ana cacade sathithik...

--- 1631 ---

Garèng : Toblas, kathik isih ana cacade, nanging iya ora dadi ngapa, wong iya mung sathithik. Ewasamono aku mêksa kêpengin wêruh sing kokunèkake: ana cacade sathithik kuwi mau.

Petruk : Amrih cêthane kowe kudu tak caritani dhisik dêdongengane: pilêm Têrang Bulan mau kanthi cêkak.

Sing kanggo jêjêr ing pulo: Sawobah, jarene dununge pulo iki ana ing tanahe dhewe kene iki.

Garèng : Mêngkosik, Truk, sanadyan sakolahku dhèk biyèn kuwi mung têkan ing klas... kambing, nanging sathithik-sathithik aku biyèn iya sinau ilmu bumi, ewasamono aku têka durung tau krungu pulo sing jênênge: pulo Sawobah kuwi.

Petruk : Hla wong kowe, kang Garèng, sêkolahmu bae rak mung nyang: sade ès sêkul, iya masa bakal wêruha ngêndi sing diarai pulo Sawobah kuwi. Seje karo aku, dhasar wêton plêdhing sêkul, kathik wis anjajah bangêt, mulane aku... iya ora wêruh, nanging, kang Garèng, apa pulo Sawobah kuwi ana têmênan utawa ora, ing kene ora prêlu dirêmbug dawa-dawa. Saiki tak banjurne caritaku mau. Miturut caritane pilêm mau, wong-wonge ing pulo Sawobah kuwi isih padha: nyêmbah brahala.

Garèng : Hla, nèk mêngkono wong-wonge mêsthine iya durung kambon... mêrtega saupit-upita. Têgêse: durung kalêbu ing jaman kamajuan. Wong iya isih nyêmbah brahala, nyêmbah watu barang, têmtune nyawa uwong kadhangkala iya sok dipadhakake wêdhus bae. Nak carane kene kekah upamane, sing kanggo kekah mêsthine wêdhus, nèk kana kekahe mêsthine nganggo uwong...

Petruk : Iya ora kekah mêngkono, nanging omongmu kuwi iya rada ana bênêre. Awit wong-wong ing pulo kono kuwi mau, padha prêcaya lan nyêmbah-nyêmbah nyang rêca. Mulane iya prêcaya, yèn sêsêmbahane mau sok bisa duka. Hla, kiyi minôngka tumbale, kadhangkala ora migunakake pitik utawa wêdhus, nanging... mênungsa, kang Garèng. Ana ing kono iya dibuktèkake kanthi gambar, kang Garèng.

Garèng : Wèh, dadi iya cêtha wela-wela, sing digambarake ana ing pilêm Têrang Bulan, ya wong-wonge ing pulo Sawobah kuwi mau, nyata: wong alasan, dadi padhane iya bangsane wong Puwah-puwah, wong Dhayak, lan sapadhane. Banjur, Truk, panganggone kêpriye, apa iya cara wong alasan.

Petruk : Nèk andêlêng anggon-anggonane, iya wis nyara wong alasan têmênan kae. Wonge lanang iya mung nganggo cawêt, wonge wadon, awake sing kêtutupan mung saka dhuwur dhadha sathithik têkan ing dhuwur dhêngkul, malah kadhang-kadhang ana sing takon... wudêle.

Garèng : Wah, iya wong alasan totok kuwi jênêngane. Wong-wong isih samono asore kuwi, têmtune panganane iya undha-undhi bae karo kewan galak, têgêse: mangan iwak upamane, iya ora dimatêngi nganggo [ngang...]

--- 1632 ---

[...go] mêrtega, lênga klapa utawa minyak samin, nanging mangan pitik, wêdhus, lan sapadhane, iya mung dibrongot ana ing bêdhiyan, sarta banjur gèwêl-gèwêl dipangan, tanpa nganggo peso, utawa sendhok porok, lan mêsthine iya ora nganggo kecap...

Petruk : Wayah, kok banjur rupa-rupa mangkono. Mula iya mangkono, kang Garèng, tandhane kala ditongtonake manton, banjur nyêmbêlèh wêdhus sing banjur mung dibakar ana ing sadhuwuring gêni bae. Anggone mangan apa iya nganggo kecap, kuwi êmbuh ora wêruh.

Garèng : Wèh, dadi cêkake, karêpe pilêm Têrang Bulan kuwi, arêp mitongtonake kaanane lan uripe wong-wong ing tanahe dhewe kene kiyi, sing isih kalêbu asor bêbudèn lan kasusilane. Wah, Truk, iya gambar bêcik lan akèh pigunane têmênan. Awit kayadene bangsane dhewe kiyi banjur bisa gawe pêpandhingan, lho, ing tanahe dhewe iki têka isih ana bôngsa sing samono asore mungguhing kasusilane. Wong gêgambarane samono asore, têmtune omahe iya ana ing ngêrong, lan manawa sênêng-sênêng têtabuhane iya sing: dhung, dhung, dhung, sing rame bangêt, lan jêjogedane iya mêncolot-mêncolot karo jêrit-jêrit kae.

Petruk : Lho, nèk pancèn mêngkono, jênêngane rak, kumplit. Nanging mungguh sanyatane akèh sing ngajak: ngrujak sêntul, kang Garèng, kaya ta: bênêr lanange nganggo cawêt, lan awake wong wadon kang kêtutupan mung dhadha tumêkane ing dhuwur dhêngkul, dadi panganggone cara wong alasan têmênan, nanging cawêt utawa panganggone wong wadon mau, ora digawe saka klika utawa gêgodhongan kayadene anggon-anggonane wong alasan, nanging jêbul... bathikan sala.

Garèng : Wèh, bokmanawa wonge pulo Sawobah kuwi biyèn-biyène wis tau sakolah ambathik ana ing Surakarta.

Petruk : Omahe dudu êrong, dudu ing kayu-kayu kang gêdhe, nanging saèmpêr karo omah-omah ing desa ing tanah Jawa kene.

Garèng : Bokmanawa ing pulo kono biyèn wis tau dilurahi Mas Kramadôngsa.

Petruk : Têtabuhan, sing dianggo para mudha, kuwi malah... kitar, sing kanggo têmbangan bangsane: kroncong.

Garèng : Bokmanawa Mis Ribut wis tau idêr mrono, Truk, banjur wonge salah siji ana sing kèri.

Petruk : Jêjogedane ora mêncolot-mêncolot, nanging dhangsih-dhangsih cara Sêpanyol, wis, kang Garèng, aja pijêr nunjang omahku bae, saiki tak caritani dhisik mungguh dêdongengane Têrang Bulan kuwi. Rungokna.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3597 ing Bêrbêk. Sabên mêdal pariwara panjênêngan badhe dipun kintuni.

Lêngganan nomêr 86 ing Sangkuriang. Wisêl f 3.50 sampun katampi. Ingkang f 3.- tumrap Kêjawèn ing wulan Pèbruwari dumugi Juli 1938.

--- 1633 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Punggawa Good Year kathah ingkang kèndêl. Miturut wartos, punggawa pabrik Good Year ing Bogor kathah ingkang kèndêl, jalaran pangagênging pabrik wau botên purun mulihakên tataning epahan manut ewahing jaman, ingkang sapunika sampun pinanggih pulih.

Badhe lintonan barang dagangan kalihan Italie. Miturut wartos, awit saking rêmbagipun Departement van Economische Zaken, badhe lêlintonan barang dagangan pamêdalipun tanah ngriki kalihan Italie. Ingkang kapacak ing prajanjian, Italie badhe nampèni kapuk saking tanah ngriki.

[Grafik]

Kraman agung. Kala tanggal 18 wulan punika, K.R.T. Mr. Wongsonagoro mikramèkakên putrinipun nama R.A. Soenarni angsal G.B.R.M. Koesen, putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana. Pikramèn wau namung katindakakên kanthi rêringkêsan. Ingkang rawuh anjumênêngi para agung sawatawis, jam 9 enjing sampun bibaran.

Kalawarti enggal. Wontên wartos, ing Surakarta badhe wontên kalawarti enggal nama Benar. Kalawarti wau dipun pandhegani dening Tuwan Darmodisastro. Kintên-kintên mêdalipun wontên ing wulan Januari ngajêng punika.

Paargyan ing pamulangan-pamulangan ing wêkdal pambabar dalêm Sri Paduka Prinses Juliana. Direkteur Pangajaran sampun kintun sêrat sêbaran dhatêng sawarnining pamulangan Gupêrmèn tuwin pamulangan partikêlir ingkang angsal pambantu saking nagari. Asuraos, samangsa Sripaduka Prinses Juliana ambabar: a. Manawi wêdaling wartos nuju wanci sêkolah, ing sanalika ngriku pamulanganipun lajêng dipun kèndêli, nanging para muridipun botên kapurih mantuk, lajêng kapurih mênyanyi lagu-lagu kabangsan tuwin lagu paargyan sanèsipun, dolanan, arak-arakan tuwin sanès-sanèsipun. Manawi tindak wau sampun kêlampahan, para murid sawêg kapurih mantuk. b. Kados ingkang sampun dipun têtêpakên ing parentah, sasampunipun wontên wartos makatên wau, pamulangan lajêng dipun tutup kalih dintên. Manawi wartos wau katampi nyarêngi liburan December kalih dintên mèh têlas, liburanipun kasambêtakên wontên ing dintên candhakipun liburan, kalih dintên. Samangsa wartos wau dhatêngipun salêbêting liburan, ing mangke dhawahing dintên sêkolah, para murid kêdah sami mlêbêt kados adat, nanging ing dintên wau botên sinau, namung lajêng nindakakên paargyan kados ingkang kapratelakakên ing A.

Lampah anggêgana dhatêng Billiton. Pangajênging Knilm sawêg nitipriksa ing bab kawontênanipun ing Billiton saupami dipun wontêni lampah anggêgana punapa prayogi. Paniti wau dipun sayogyani dening Billiton Mij. Ing pangintên bab lampah anggêgana mriku punika kathah kalampahanipun.

Persbureau Antara. Ing Bêtawi sampun kêlampahan ngadêg persbureau Antara. Persbureau punika maligi dados gadhahanipun tiyang siti. Ingkang dados Hoofdredacteur Tuwan Soemanang, 1e. redacteur Tuwan A.M. Sipahoetar dipun biyantu ing tuwan-tuwan sanèsipun.

Nyuda waragad dhoktêr. Miturut wartos parentah sampun marêngakên dhatêng dhêdhasar rancangan ing bab sudaning sêsanggènipun para narapraja samangsa sakit, ingkang ngantos ngêdalakên waragad dhoktêr, jampi-jampi tuwin sanès-sanèsipun. Sagêd ugi bab punika wiwit tumindak wontên ing wulan Januari ngajêng punika.

Pamêdal karèt saking tanah ngriki. Miturut katrangan saking kantor Statistiek, pamêdal karèt ing salêbêtipun wulan Oktobêr kapêngkêr tumrap kabudidayan-kabudidayan ing tanah Jawi tuwin Madura wontên 6.717.982 kg. sampun garing. Saking kabudidayan-kabudidayan ing tanah Sabrang wontên 13.703.523 kg. saking tiyang siti wontên 14.564.301 kg. sami sampun garing.

Candu pêtêng. Ing Tanjung Priuk mêntas wontên pandakwa kalêbêtan candu pêtêng. Nanging lajêng kecalan lari. Ing salajêngipun dados papriksan ingkang langkung titi, mriksa barang-barang ingkang badhe kabêkta dhatêng tanah Sabrang, saha nahan têtiyang ingkang sami kenging pandakwa babagan punika. Candu wau kintên-kintên rêrêgèn f 150.000.- Ing pangintên barang wau lajêng dipun kesahakên dhatêng panggenan sanès.

Aangifte pajêg botên salêrêsipun. Punggawa pajêg ing Wanasari Ngayogya mêntas mriksa satunggiling bangsa Tionghwa juru potang ingkang kakintên anggèning nglêbêtakên aangifte pajêg botên salêrêsipun. Ingriku pinanggih wontên sêrat accept 200 saking para priyantun, ingkang kakintên kasalingkuhakên. Bangsa Tionghwa wau lajêng kapriksa saha narik saksi dhatêng para ingkang sami nyambut.

Conggrès Niog. Pakêmpalaning para guru Walandi, Niog, benjing tanggal 27, 28 tuwin 29 wulan punika badhe ngawontênakên conggrès wontên ing Bêtawi, manggèn ing hotèl Des Indes.

Payung wêdalan Juwiring. Pakaryan Juwiring, Klathèn, bab damêl payung dlancang tuwin montên, sampun sagêd sumêbar maradini satanah Jawi. Malah ing sapunika padagangan wau sampun sagêd sumêbar dumugi Pontianak. Barang wau ingkang majêng ingkang rêrêgèn 7 tuwin 10 sèn.

--- 1634 ---

Papan ngupakara tiyang sakit èngêtan. Dr. R. Tumbelaka inspecteur Krankzinnigenwezen mêntas dhatêng ing Medan. Mênggah wigatosing lampah pêrlu nitipriksa papan panggenan pangupakara têtiyang sakit ewah ing Medan tuwin Sabang. Kajawi punika inggih mriksa dhatêng panggenan sanès-sanèsipun, pêrlu nyatakakên punapa ingriku pêrlu dipun dèkèki papan kangge têtanèn tumrap têtiyang sakit ewah kados ingkang katindakakên wontên ing Lèntèng Agung, sacêlakipun Depok.

Kasangsaran ing sagantên. Dèrèng dangu ing sagantên lèr tanah Jawi wontên kasangsaran baita pamisayan ulam. Wontên tiyang 15 ingkang sagêd katulungan dening kapal Josefine. Têtiyang ingkang kasangsaran wau asli saking Sêmarang. Sadumugining Surabaya têtiyang wau lajêng kapasrahakên dhatêng griya panggenanipun têtiyang ingkang sami botên nyambutdamêl.

[Grafik]

Ingkang bupati enggal ing Surabaya. Inginggil punika ngêwrat gambaripun R.T. Moesono sakalihan garwa, wêdana ing Kêbon Candi, Pasuruan, ingkang dèrèng dangu punika kaangakat dados bupati ing Surabaya.

Rêca pèngêtanipun K.R.T.Dr. Wedyodiningrat. Sampun sawatawis dintên, rêca pèngêtanipun K.R.T.Dr. Wedyodiningrat kalampahan sampun kapasang wontên sangajênging Pantiroga, Kadipala, Surakarta. Ing kala punika mawi paargyan ingkang dipun jênêngi utusandalêm Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, K.P. Harjomataram, pêpatihdalêm, tuwin sanès-sanèsipun. Kathah golongan warni-warni ingkang sami tumut anjênêngi. Ingriku kawontênakên wêdharsabda ingkang kawêdharakên ing panjênênganipun K.R.T. Mr. Wongsonagoro, ingkang wosipun ngunjukakên panuwun konjuk ing Saandhap Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana tuwin dhatêng ingkang sami kaparêng anjênêngi pambikakipun paargyan punika. Paargyan punika sarana ngawontênakên rêca tandha pangèngêt-èngêt dhatêng lêlabêtanipun K.R.T.Dr. Wedyodiningrat tumrap praja Surakarta.

Bab kênine palsu. Jalaran saking wontêning kênine palsu ingkang kacêpêng, ing sapunika Pakaryan Kasarasan tuwin Departement van Economische Zaken badhe nindakakên rêrigên supados ngawontênakên tindak tatanan pambungkusing barang-barang, ingayoman ing undhang-undhang. Tindak makatên punika kintên-kintên badhe sagêd damêl kandhêging barang palsu.

Palabuan ing Tanjung Priuk badhe dipun kiyatakên. Miturut wartos, ing sapunika palabuan ing Tanjung Priuk dipun kiyatakên, pêrlunipun samangsa wontên kapal-kapal pêrang sagêda labuh mèpèt. Ingkang dipun pilih papan ingkang tumuju dhatêng muwaranipun lèpèn Cilincing. Sadaya badhe katindakakên dening militèr. Ingriku ugi pêrlu dipun wontêni krêtêg ingkang namung maligi kangge pêrluning militèr. Papan ingkang kapilih wau cêlak kalihan papan pabarisan militèr ing Cilincing.

Kapal-kapal K.P.M. badhe kadamêl wontên ing tanah ngriki. Jalaran saking wiwit majênging padagangan ing tanah ngriki, K.P.M. pêrlu mêwahi kapal-kapalipun, kapal wau ingkang 200 ton badhe kadamêl wontên ing Sabang Mij. ingkang 500 ton badhe kadamêl wontên Droogdok Mij. Surabaya, dene ingkang langkung saking samantên badhe kagarap wontên nagari Walandi. Nanging sarêng dipun timbang-timbang, sadaya wau badhe dipun garap wontên ing tanah ngriki sadaya.

Propagandha paboyongan dhatêng Lampung ing Cirêbon. Dèrèng dangu wontên tiyang 6 asli saking Lampung, pêrlu anindakakên propagandha wontên ing Cirêbon, Kuningan tuwin Majalêngka. Kajawi punika ugi sampun wontên pangrèhpraja ing Cirêbon kanthi lurah dhusun 9 sami dhatêng Lampung, pêrlu badhe nyumêrêpi kawontênanipun ing tanah ngriku, kanthi kayakinanipun piyambak. Tumindakipun propagandha ing Cirêbon punika sampun sagêd nuwuhakên kajêngipun têtiyang ingriku cacah 300 kulawarga sami kêdugi badhe boyongan dhatêng Lampung.

Malaria ing Madura. Ing dhusun Ambuntên kilèn, Ambuntên wetan, Kêtawang Parêbakan, Kêtawang-Laut tuwin sanès-sanèsipun tuwuh sêsakit malaria. Tiyang ingkang kêtrajang kirang-langkung 900. Ing salajêngipun Pakaryan Babagan Kasarasan nindakakên rêrigên sapêrlunipun.

NAGARI WALANDI

Jubileum jumênêng dalêm nata. Gêgayutan kalihan badhe pèngêtan jumênêng dalêm Nata Sri Bagendha Maharaja Putri 40 taun, wontên sêdya badhe nglêmpakakên film kabangsan Walandi, pêrlu kangge mujudakên wawasan kamajênganipun nagari Walandi ing salêbêtipun 40 taun. Ingkang dados pangarsaning comite film wau jhr. van Lidth de Jeude.

EROPA

Dêrma ing mangsa bêdhiding. Nyarêngi mangsa bêdhidhing, ing Bèrlin, Jêrman kathah para ambtenaar agêng ingkang sami tumindak pados dêrma ambêkta cèlèngan, pêrlu kangge pitulungan ing mangsa bêdhidhing wau. Ingkang tumindak ing damêl makatên wau ngantos dumugi ing para ministêr tuwin para agêng sanèsipun ngantos ewon. Dr. Goebbles kalihan putra-putranipun tumindak wontên ing Unter den Linden, wêwakiling sêrat kabar Berndt ing Wilhelmstrasse, ministêr Dorpmuller urut station nêdha dhatêng têtiyang ingkang sami numpak sêpur, graaf Von Schwerin Krosigk ambêkta cèlèngan wontên ing Tauntzienstrasse tuwin sanès-sanèsipun.

ASIA

Babagan paprentahan enggal ing Tiongkok. Ing bab wontêning paprentahan ing Tiongkok babagan pabeyan ing Tiongkok Lèr, ngawisi sangêt nyukakakên angsal-angsalanipun dhatêng paprentahan Tiongkok enggal. Sagêdipun tumindak punapa lêrêsipun, ngêntosi manawi sampun dipun sayogyani ing nagari sanès-sanèsipun, ingkang nyukani sambutan dhatêng Tiongkok.

Jêpan mindhahi rakyat. Ministêr babagan sajawining praja Jêpan nêtêpakên badhe ngintunakên tiyang 30.000 dhatêng Mancukuwo. Têtiyang wau kapêndhêtakên ingkang umur-umuran 15 dumugi 18 taun. Ministêr wau gadhah sêdya, ing salêbêtipun 4 taun sagêda ngintunakên tiyang 150.000, supados sami têtêp gêgriya wontên ingriku.

--- 1635 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya

35

Pasulayanipun Ilya kalihan Prabu Wladhimir

Anggènipun Ilya sagêd unggul juritipun kalihan Idholice sawadya-balanipun, punika sampun kalangkung pintên-pintên taun. Salaminipun punika Ilya numpak kapal tansah alêlana anjajah ing praja Ruslan, lampahanipun tanpa kèndêl mangalèr, mangetan, mangilèn tuwin mangidul, wontên ing pundi-pundi kajêngipun botên sanès kajawi angayomi têtiyang ingkang ringkih, tuwin anandhingi têtiyang ingkang ambêg siya. Salêbêtipun punika Ilya sampun anglampahi pêrang rambah-rambah, inggih pêrang tandhing ijèn sami ijèn, punapadene pêrang amangsah prajurit pintên-pintên ingkang nêdya sami adamêl rêrêsah ing salêbêting praja. Salaminipun botên wontên mêngsah satunggal-tunggala ingkang sagêd anandhingi kadibyanipun Ilya, sadaya sami tiwas utawi sagêd kaungsir saking praja. Dene mêngsah ingkang purun takluk sarta purun aprajanji badhe ngewahi gêsangipun ingkang tansah tindak siya dhatêng sasami, punika inggih lajêng dipun ngapuntên, malah kathah ingkang lajêng dados sadhèrèkipun sinarawèdi. Kadhang-kadhang Ilya inggih sok nilar praja Ruslan prêlu ningali kawontênanipun ing mônca praja. Limrahipun wontên ing pundi-pundi Ilya wau tansah sinuba-suba kadosdene prajurit ingkang linangkung. Kathah para nata mônca praja ingkang ngrimuk dhatêng Ilya supados puruna ngawula wontên ing ngriku, kanthi dipun janji badhe kaganjar pangkat ingkang luhur tuwin kuwasa, malah wontên kemawon nata ingkang nêdya mundhut mantu, manawi Ilya lêstantun purun têtruka wontên ing prajanipun ngriku, nanging sadaya wau tansah dipun tampik dening Ilya, kanthi matur bilih kuwajibanipun punika anjagi tata têntrêming praja Ruslan sampun ngantos kadhatêngan ing parangmuka. Para putrining nata kathah ingkang sami tawan tangis saha amastani bilih Ilya punika lugunipun satunggiling tiyang lêngus, lan botên pisan-pisan anggadhahi manah trêsna dhatêng wanita.

Ewasamantên Ilya wau sampun nate kayungyun ing salah satunggiling wanita ingkang sayêktos endah ing warni, inggih punika nalika Ilya tanpa dipun sêdya ngupados pasipêngan, dumadakan angsal papan pasipêngan wontên padununganing putri ingkang angadhaton piyambak. Wontên ing ngriku Ilya dipun tampi kanthi rênaning panggalih saha kasugata ingkang sakalangkung èdi tuwin kapapanankên ing satunggiling kamar sakalangkung sae.

Wontên ing ngriku Ilya rumaos sênêng lan jênjêm manahipun, lan dilalah salaminipun gêsang sawêg sapisan punika piyambakipun angraos bêtah wontên ing griya, malah anggadhahi manah bosên dhatêng tindakipun ingkang sampun-sampun, inggih punika: alêlana anjajah praja ngupados mêngsah. Ingkang punika amila anggènipun badhe bidhal malih, tansah kaundurakên kemawon.

Dene mênggahing sang putri, sajatosipun sakalangkung anggènipun kayungyun dhatêng Ilya, lan sang putri ugi ngraos bilih Ilya animbangi dhatêng katrêsnanipun wau. Nanging ing sarèhning Ilya ing sêmu rikuh utawi ajrih anglairakên punapa ingkang dados pamanahanipun, amila sang putri nêdya nekad badhe anglairakên dhatêng Ilya mênggah ingkang dados karêntêging panggalih. Ing satunggiling dalu, sarêng ing salêbêting kadhaton ngriku sampun sêpên nyênyêt tanpa wontên sabawanipun punapa-punapa, sarta para abdi sampun tilêm sadaya, sang putri lumampah mindhik-mindhik nuju dhatêng kamaripun pun Ilya. Saliranipun sakojur gumêtêr awit kuwatos bilih wontên ing margi kapapag kalihan salah satunggiling abdinipun, kalayan jinjit sang putri ambikak kori kamaripun Ilya, saha lajêng lumêbêt tanpa alon-alon.

Kalêrêsan ing dalu punika Ilya botên sagêd tilêm babarpisan, awit manahipun tansah katingalên dhatêng sang putri ingkang endah ing warni wau. Ing wusana Ilya lajêng mênyat saking papan patilêmanipun sarta lajêng tansah lumampah wongsal-wangsul wontên ing salêbêtipun kamar ngriku kadosdene sato galak wontên ing salêbêtipun krangkèng.

Ing kala punika dumadakan piyambakipun mirêng suwara krêsêk-krêsêk lirih sangêt, tuwin suwaraning kori kabikak. Piyambakipuun enggal-enggal nolèh saha ing pêtêngan piyambakipun sumêrêp rêrupèn pêthak. Ing kala punika Ilya anggadhahi pangintên, bilih wêwarnèn ingkang pêthak punika botên kenging botên têmtu mêmêdi, awit miturut cariyosing tiyang, ing kadhaton ngriku mila kathah mêmêdinipun ingkang kadhangkala asring sok ngatingal, langkung-langkung manawi wontên tiyang enggal. Nanging Ilya botên gigrig saha lajêng murugi dhatêng wêwarnèn [wê...]

--- 1636 ---

[...warnèn] ingkang pêthak wau nêdya badhe dipun tandhangi, nanging sarêng ingkang kakintên mêmêdi wau kacandhak, jêbul nyandhak sariranipun sang putri, ingkang ing kala punika angagêm-agêm sarwa tipis. Sakala punika sang putri lajêng angrangkul kalayan tawan tangis. Bingahipun sang Ilya tanpa upami, lan salajêngipun sang putri kabêkta dhatêng pasarean.

Ngantos pintên-pintên minggu laminipun, Ilya botên nate mêdal-mêdal kajawi mugên wontên ing kadhaton ngriku. Sadangunipun punika kadosdene Ilya botên manah punapa-punapa, kajawi namung sih-sinihan kalihan sang putri.

Para abdi ing kraton sampun sami nganggêp dhatêng Ilya wau kadosdene dhatêng gustinipun. Nanging kasênênganipun Ilya ingkang makatên punika botên dangu, awit botên sawatawis lami lajêng kamirêngan ing praja Ruslan, lan botên antawis dangu inggih lajêng wontên têtiyang utusan saking praja Ruslan dhatêng ing ngriku, ngadhêp dhatêng sang Ilya sarta umatur makatên:

Dhuh, tuwan, mugi sampun andadosakên panggalih panjênêngan, dene kula kumapurun sowan ing ngarsa panjênêngan tanpa mawi larapan. Mênggah wigatosing sowan kula punika, namung badhe ngaturi uninga dhatêng panjênêngan, bilih sapêngkêr panjênêngan nilar praja Ruslan punika, samangke ical tata têntrêming praja, saha lajêng tuwuh rêrêsah malih ingkang tanpa kenging kasirêp. Para ingkang agêng panguwasanipun tuwin ambêg siya, samangke sami nindhês dhatêng para ingkang ringkih tuwin sukci bêbudènipun. Lan botên wontên tiyang satunggal-tunggala ingkang sagêd angayomi para ringkih sarta ananggulangi para ambêg siya wau. Tuwan, sangêt-sangêt panuwun kula, mugi-mugi panjênêngan krêsaa kondur malih dhatêng praja, awit nagari panjênêngan ambêtahakên sangêt dhatêng panjênêngan.

Mirêng aturipun utusan ingkang makatên wau, Ilya rumaos lingsêm sangêt saha lajêng wicantên makatên:

Aturmu iku mula iya bênêr bangêt, para kawula ing Ruslan. Panggonan kula iya dudu ing kene, nanging ing ara-ara lan ing bulak ing praja Ruslan prêlu salawas-lawase amêrangi tindak kang ambêg siya. Wis, saiki padha muliha nyang omahmu dhewe-dhewe. Sadurunge kowe kabèh têkan ing padununganamu, aku mêsthi wis budhal saka ing kene alêlana anjajah ing praja Ruslan.

Ing dintên punika Ilya lajêng pamitan dhatêng sang putri. Sasampunipun lajêng numpak kapalipun, lan kanthi têtêgaran lajêng wangsul dhatêng prajanipun prêlu angayomi para ringkih sarta amêrangi para ambêg siya.

Anggènipun Ilya alêlana angidêri praja Ruslan prêlu amêrangi lampahipun piawon, punika ngantos pintên-pintên taun dangunipun. Salêbêtipun punika kadhang-kadhang piyambakipun kemutan dhatêng sang putri, raosing manahipun lajêng kadosdene dipun iris-iris. Nanging limrahipun inggih sagêd nahan manahipun ingkang nandhang sungkawa punika. Nanging kadhangkala inggih sok botên sagêd ngampah manahipun kapengin wangsul amanggihi dhatêng sang putri. Manawi kalêrês makatên wau, kapalipun sok kacêmêthi sora, ingkang anjalari kapalipun lajêng lumajêng sakiyatipun. Salêbêtipun alêlana anjajah praja Ruslan wau, kadhang-kadhang Ilya kêpapag kalihan prajurit tartar, limrahipun inggih lajêng tuwuh pêrang têtandhinganipun, Ilya kalihan tiyang tartar wau, ingkang sakalangkung rame. Ing ngriku Ilya lajêng kakrubut ing pintên-pintên mêngsah, pangamukipun Ilya lajêng kados banthèng kataton, sintên ingkang anyakêt tamtu dhawah ing tiwas jalaran kadhawahan ing pêdhang tilaranipun Swatogor prajurit rasêksa. Manawi botên makatên, kadhang-kadhang mêngsahipun pêjah dening kasepak utawi kacokot ing kapal tumpakanipun.

Ing satunggiling dintên, Ilya langkung mêdal ing wana ingkang sakalangkung sêpên sangêt, ing kala punika dumadakan tuwuh manahipun kirang langkung makatên:

Saindênging praja Ruslan iki wis tak ubêngi, lan ing môncapraja kang prênah wetan lan kulon uga wis tak têkani kabèh. Nanging wis lawas aku ora wêruh ing Kiyèp, lan ora sowan nyang Prabu Wladhimir, mulane saiki aku arêp mênyang Kiyèf prêlu arêp andêlêng kaanane ing kana saiki kaya apa.

Ilya lajêng têrus bidhal dhatêng Kiyèf. Dumuginipun ing ngriku kalêrêsan Prabu Wladhimir sawêg ngawontênakên pahargyan agêng-agêngan, kadosdene padatanipun, pahargyan ing kadhatoning nata ing Ruslan punika, kacêluk rame lan nêngsêmakên sangêt, punika botên namung jalaran saking èdi pènining dhêdhaharan tuwin unjuk-unjukan ingkang kasêgahakên ing ngriku, nanging jalaran saking kathahing para tamu para satriya tuwin para prajurit ingkang sami misuwur mênggahing kêkêndêlan lan kaprawiranipun ingkang sami ngalêmpak wontên ing pahargyan ngriku.

Nalikanipun Ilya kaparêngakên malêbêt ing kadhaton, kalêrêsan sang prabu tuwin para tamu sawêg sami bojana andrawina. Ingkang lênggah wontên ing nginggil piyambak sang prabu tuwin sang pramèswari, sangandhapipun punika para pangeran lan tamu sanès-sanèsipun. Lênggahipun para tamu wau manut andhap inggiling pangkat utawi misuwuring namanipun. Ing kala punika ingkang sami anjênêngi pahargyan ing kadhaton wau, sadaya para pangeran tuwin para bupati, tuwin têtungguling prajurit ing praja Ruslan cacahipun tigang dasa ingkang sami kasuwur mênggahing kaprawiranipun.

Sasampunipun Ilya lumêbêt ing kadhaton, inggih lajêng nindakakên kadosdene adat tata caranipun ing salêbêting kadhaton ing Kiyèf, inggih punika nêlungakên badanipun angajêngakên ing keblat sakawan rumiyin, nuntên anêlungakên badanipun malih ing ngarsanipun sang nata tuwin sang pramèswari, sarta dhatêng para tamu sanèsipun.

Badhe kasambêtan.

--- 197 ---

Nomêr 50, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Kridhaning Wanita Jawi

Nyambêti atur kula rumiyin, kados sampun têrang, bilih kridhaning wanita Jawi punika sampun waradin ing pundi-pundi. Ingkang mêncarakên kasagêdanipun punika botên namung para wanita ingkang nglênggahi tatanan Jawi (tatanan kabangsan Jawi) nanging para wanita ingkang taksih ngêkahi pranataning agami Islam inggih pacakbaris, liripun inggih sami ngêdalakên kasagêdanipun utawi pados indhaking sêsêrêpan sarana gêthok tular, nanging mawi pathokan agami utawi gadhah jôngka badhe nglêbêtakên (ngindhakakên) sêsêrêpanipun ing bab agami. Mênggah ingkang makatên wau nama botên nganèh-anèhi, awit tiyang punika rumaos kantun anglampahi punapa ingkang pinaringakên saking Pangeran, rumaos manawi agami punika gambaring agêsang. Kados para maos botên kêkilapan dhatêng trajanging Pakêmpalan Aisiyah, golongan wanita Pakêmpalan Muhamadiyah, ingkang sagêd ngukup tiyang èstri ing kalanganipun ngantos ewon-ewon.

Ingkang kula aturakên ing ngandhap punika namung pamanggih kula piyambak, mirid kawontênan ingkang kula sumêrêpi. Dene mênggah lêrês lêpating gagasan kula wau, kasumanggakakên, lowung kangge cocog-cocogan rêmbag.

[Grafik]

Rara: Siti Mariyam.

Manawi mirêngakên sêsorahipun para neneman, nitik corèkanipun ing sêrat-sêrat kalawarti, kados tiyang èstri Jawa punika kirang mardika tandangipun, dèrèng sagêd uwal saking sêngkêran, manawi dèrèng dipun sêkolahakên [sêkolahakê...]

--- 198 ---

[...n] utawi dipun sinaokakên murih cêpêng damêl kangge ngupados têdha piyambak.

Pinanggihipun ing kalanganing têtiyang alit, kok inggih kathah tiyang èstri ingkang pados têdha piyambak sarana lampah dagang, malah ingkang sagêd pados sangu kangge minggah kaji inggih botên kirang. Anggènipun sagêd ngalêmpakakên arta sangu wau nama sampun pintêr, dados anggènipun sagêd kesah dhatêng Mêkah punika botên nama kêtlikung. Upamia kirang mardika inggih botên sagêd kêkesahan, doh ngrika doh ngriki. Dados tiyang èstri Jawi punika wontên golonganipun ingkang kaomberan wêkdalipun kangge ngêgaragênngêgarakên. kridhanipun. Ingkang kula aturakên wau golongan dagang, sanès golongan priyantun.

Badhe kasambêtan.

Siti Mariyam.

Cathêtan Olah-olah Prasaja

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 100

Sambêl pêcêl pitik

Lombok abrit, bawang, sarêm, kaulêg dados satunggal, lajêng dipun toyani santên sawatawis kathah (ngêcêmbong), tumuntên dipun cêmplungi rajangan tempe waras godhogan ingkang sampun karajang alit-alit, saha ulam lele utawi ulam ayam matêng kasuwir-suwir. Ulam punika cêkap ngangge salah satunggalipun. Santên wau kenging mêntah utawi matêng.

Jangan cupang

Ulam daging mahesa utawi lêmbu sacêkapipun, kairis alit-alit, kagodhog ing panci utawi kuwali mawi toya samurwatipun, sarta dipun bumboni brambang, bawang, gêndhis jawi, sarêm. Manawi sampun umob, lajêng kacêmplungan jêjanganan: ceme kairis tinêngkêl-têngkêl, slèdri, kapri samurwatipun. Manawi sampun matêng lajêng kaêntas, tumuntên dipun wur-wuri gorengan brambang sawatawis.

Sambêl kêmiri

Lombok abrit, traos bakaran, sarêm, gêndhis jawi, asêm, kêmiri oncèkan 5 iji kagorèng, utawi kenging namung kêmiri kabakar sacangkokipun, manawi sampun matêng, lajêng dipun oncèki, tumuntên kaulêg sarêng kalihan bumbunipun wau salêmbatipun. Manawi mawi lalaban: slèdri kalihan timun.

Sambêl gudhangan

Lombok abrit, gêndhis jawi, bawang, kêncur, sarêm, sasampunipun kaulêg lêmbat, cinarub kalihan parudan kalapa mêntah sacêkapipun. Abênipun cinarub kalihan janganan: thokolan, lêmbayung, kara pêthak, ingkang sampun sami ginodhog lawaran tanpa bumbu, sarta panggodhogipun janganan wau piyambak-piyambak (botên sarêng dados satunggal), lalabanipun kêmangi utawi kêmlandhingan mêntahan.

Badhe kasambêtan.

M.

--- 199 ---

Bab Panganggenipun Bayi Ingkang Nêmbe Kalairakên Ngantos Umur Sawatawis Wulan

Mênggah panganggenipun bayi ingkang nêmbe kalairakên dumugi umur sawatawis wulan punika ingkang baku:

1. Grita, 2. Popok, 3. Rasukan.

Cara jaman kina nalika tiyang gadhah anak taksih kagarap dhukun Jawi, bayi ingkang nêmbe lair punika panganggenipun namung saking suwekan sinjang ingkang sampun lami, inggih punika kangge ambên ing wêtêng ingkang minôngka grita saha gêdhongipun. Malah miturut gugon-tuhon, botên kenging tiyang wawrat sampun sadhiya panganggenipun bayi, saking cariyosipun tiyang kina: botên ilok. Kêdah kapapagakên pangangge saking suwekanipun sinjang ingkang sampun lami. Nanging cara wau saya lami saya suda ingkang anggêga (miturut), saya malih sarêng sampun wontên cara gadhah anak katulung dening frudfro, punika lajêng katata cara sanès, inggih punika cara kadhoktêran. Tiyang wawrat wiwit 6 ½ wulan, manawi pancèn badhe kagarapakên frudfro, kêdah sampun kapriksakakên dhatêng frudfro. Frudfro lajêng nyanjangi supados tiyang wau anjagi badanipun warni-warni, sarana ebahing badan, karêsikan, têdha lan sanès-sanèsipun. Trêkadhang manawi sampun nyêlaki saking wêdaling lairipun bayi, frudfro nyariyosi supados tiyang wau sadhiya pangangge bayi, inggih punika: popok, grita saha rasukan ingkang rêsik. Sokur bilih sagêd sadhiya ingkang badhenipun montên ingkang alus, upaminipun badhe namsut, bangsaning badhe ingkang bolong-bolong (rêporêmsêtop) saha sanès-sanèsipun. Punika tumrap tiyang ingkang gadhah (kacêkapan) saha manawi sagêd, sadhiyaa: popok watawis 24 iji, grita 6 iji, rasukan 12 iji. Punika kagodhoga rumiyin lajêng kakumbah ingkang rêsik, dipun sêtrika, lajêng kasimpêna ing wadhah ingkang rêsik. Dene tumrap tiyang ingkang botên gadhah, inggih sawontênipun, ugêr rêsik kemawon.

Mênggah gunanipun grita punika kangge anjagi wêtêng saha pusêripun bayi, sampun ngantos kenging rêrêgêd saha kenging wijining sêsakit.

Popok punika prêlunipun minôngka tapih, kangge nutupi saperanganing badanipun ingkang ngandhap saha supados angêt.

Rasukan, paedahipun kangge nutupi badanipun supados angêt ugi.

Sadaya wau tumrap bayi kados kêrêp sangêt têlêsipun, awit saking: gumoh, sêni saha ambêbucal. Punika pun biyung kêdah botên kenging wêgah nyantuni, langkung-langkung popok, punika saya kêrêp sangêt têlêsipun, mila kêdah tumuntên dipun santuni, supados lare wau wiwit bayi sampun gadhah watak: risèn, rêsikan. Manawi botên tumuntên dipun santuni, asring-asring andadosakên sêsakit warni-warni.

Kajawi popok, grita rasuasakan,rasukan. trêkadhang

--- 200 ---

bayi dipun anggèni kopyah saha dipun kêmuli, prêlunipun inggih supados angêt. Awit bayi punika salêbêtipun wontên ing wawratan tansah wontên ing panggenan ingkang angêt, inggih punika wontên salêbêting guwa garbaning biyungipun. Mila manawi sampun kalairakên inggih kêdah kajagi murih angêtipun.

Kopyah punika botên patos prêlu sangêt, awit namung kangge anjagi êmbun-êmbunan. Trêkadhang sampun cêkap katutupan ing rambut ingkang wontên ing êmbun-êmbunan, saha kangge anjagi angin ingkang mêdal ing êmbun-êmbunan, awit tumrapipun bayi balungipun thothok gathukipun kiwa lan têngên dèrèng sagêd rapêt, mila ing êmbun-êmbunan manawi kadêmèk karaos êndut-êndut.

Mênggah pandamêlipun grita, rasukan saha popok, sanès dintên kula andharakên.

Tukang momong,

Bok Sri Wirya. Rêmbang.

Sinjang Pudhaksatêgal

Sinjang pudhaksatêgal punika sinjang latar cêmêng, nanging jalaran saking kathah tembokanipun, wujudipun ngantos nyamar kados latar pêthak. Ingkang kacêtha ing gambar, punika kenging dipun wastani sapolan.

[Grafik]

Sinjang pudhaksatêgal punika golongan sinjang sae, nanging golongan botên luwêsan, amargi pantêsipun dipun angge ing tiyang ingkang badanipun agêng, pantês sangêt manawi dipun agêm ing wanita ingkang bentrok pasaliranipun, wujuding sinjang lajêng katingal anglela.

Manawi angèngêti wujuding sinjang, pancèn katingal mramongipun, ngrêmênakên, tuwin sinjang wau inggih golongan kina, nanging botên kina sangêt. Namung ing sêmu sinjang kados makatên punika botên sagêd kêlimrah, sanadyan gadhah nama baku nanging botên sagêd ngêmbyah kados sinjang sanès-sanèsipun.

Tumraping para sêpuh sinjang wau mastani ngênèmi, têgêsipun pantês dados anggèn-anggèning para anèm. Nanging mênggah caraning tiyang badhe anggathukakên kalihan udhêng katingal angèl thuk-thukanipun.

Nanging inggih punika wau, sinjang pudhaksatêgal punika manawi dipun agêm ing wanita ingkang bentrok, katingal mantêsi.

--- [1653] ---

Ôngka 103, Ju Pn, 21 Sawal Ehe 1868, 24 Dhesèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1637] ---

Ôngka 103, Ju Pn, 21 Sawal Ehe 1868, 24 Dhesèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Bab Gôngsa - Unitas Studiosorum Indonesiensis - Ngudhal Paribasan - Nusakambangan - Kawontênan ing Tiongkok - Pilêm Têrang Bulan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Gambaraning Satru Bêbuyutan.

Ingkang dipun namakakên satru bêbuyutan, punika tiyang mêmêngsahan ingkang saturun-turunipun lêstantun dados mêngsah, dados sampun botên nate pinanggih rukun.

Tindak satru bêbuyutan punika limrahipun malah dados pamarêming manah tuwin kangge umbak, upaminipun têtiyang ingkang sampun pinanggih turunipun tiyang ingkang rumiyin sêsatron, punika manawi pinanggih lajêng mungêl: Wah, iki gênah mungsuhku. Iya, bakal tak andhêmi salawase.

Raosing manah ingkang kados makatên punika pancèn angèl dipun ewahi. Môngka salugunipun raos ingkang kados makatên punika lêpat, awit kêgolong ngrêgêdi batos. Pêpindhan ingkang adhakan kemawon, upami wontên tiyang gadhah kutut ingkang dipun rêmêni sangêt, dipun têdha kucing, punika adhakanipun sabên sumêrêp kucing, ingkang botên dosa, inggih lajêng dipun gêthingi, pathokanipun: anggêr kucing inggih dipun gêthingi.

Manawi ngèngêti tindak ingkang kados makatên punika, lajêng katingal bilih tiyangipun ingkang gadhah wêwatêkan wau, tansah mêrangakên badanipun kangge wayangan. Saupami ngrêtosa, inggih rame sangêt.

Môngka manawi ngèngêti wulangipun tiyang sêpuh, cariyosipun ngudi babagan kabatosan punika wontên badanipun piyambak, saya tumraping para ahli dhatêng kajênging pawayangan, wah, cêtha anggèning sagêd anjarwakakên satunggil-satunggiling ringgit wontên ing badan, manawi ngupamèkakên danawa anggènipun plêg, inggih punika wujud gambaraning kamurkan. Mila tiyang manawi agêng kamurkanipun, kenging dipun wastani pangawak danawa, tamtu tinêbihan ing katêntrêman. Nanging sasampunipun sumêrêp dhatênging danawa wau, malah sok rêmên wayangan piyambak, danawanipun tansah dipun pêrangakên. Wusana ing ngriku lajêng katingal bilih badanipun punika pangawak kothak.

Pancènipun manawi sagêd mastani ing badaning tiyang punika tansah isi papranganing danawa, inggih kêdah sumêrêp dhatêng papranganing satriya, ingkang akajêng pêranging batos ingkang alus, dados mênggahing panggrayang, botên namung ing lair kemawon, sanadyan ing batosing tiyang punika ugi tansah wontên ingkang satron bêbuyutan. Lajêng benjing punapa anggènipun ngrukunakên.

Cêkruktruna.

--- 1638 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Gôngsa.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 102.

Suling makatên panggrambyangipun saking swara alit lajêng mangandhap-mangandhap dhatêng swara agêng, dados manawi kadunung mawi a-b-c salajêngipun, inggih kêdah kula walik, rèhning 7 swara, dados kêdah: g-f-e-d-c-b-a.

Suling bolong 6 (suling pelog slendro).

[Grafik]

Dene 7 swara ing suling punika manawi linaras ing gôngsa (wilah swara) tatanan larikanipun kêdah kados gambar slênthêm pelog, saron pelog utawi sanèsipun. Cêkakipun swara 6-a ing suling (swara pucuk) dhumawah ing wilahaning gôngsa dados swara bongkot, punika sampun tamtu mawang dhatêng prêlu, ewadene swara 6-a ing gôngsa taksih 1 laras, atêgês kêmpyang (rangkêping swara) ing suling wau.

Dene ing slênthêm ngriku katingal rakitaning swara ingkang mahanani: slendro, pelog bêm sarta pelog barang. Dados cêkak manawi panjênêngan kagungan slênthêm (saron) bonang, ingkang pelog, panjênêngan sagêd damêl gôngsa 3 rakitan, ingkang wastanipun: gôngsa siji laras kasêbut nginggil. Prêlunipun gôngsa makatên, inggih punika kangge anggladhi kagunan nêmbang, liripun saking slendro agoyang dhatêng pelog tuwin kosokwangsul, dhawahipun tamtu sakeca, pramila lajêng kasêbut, siji laras, atêgês siji babon, mênggah cêthanipun: ing ngandhap punika dêderahaning 3 warni larasing gôngsa.

Rakitan swara pelog: slênthêm, saron tuwin bonang salirang.

[Grafik]

Katrangan:

1). Thuthukan (grambyangan) wilah ciri (X) larasipun slendro, dados babonipun rakitan slendro swara: a-g-f-d-c.

2). Thuthukan (grambyangan) wilah ciri (+) larasipun pelog, nanging pelog bêm, dados baboning rakitan laras pelog bêm: b-a-g-e-d.

3). Thuthukan (grambyangan) wilah ciri (?) larasipun [la...]

--- 1639 ---

[...rasipun] pelog malih, nanging aran pelog barang, dados babonipun laras pelog barang: a-g-e-d-c.

N.B. swara g punika asring linta-lintu swara f pramila prayogi sinêrat g (f), ananging swara g asring kambah tumrap ing pelog, dene f awis, pramila wontên ing gambang, gêndèr sarta bonang tumrap pelog namung mawi rakitan, 6 swara tanpa f. Bonang ingkang rakitan nêm swara makatên punika, winastan bonang miringan c, punika tumraping umumipun tanah Têgal.

Sumadi, Pangarasan.

Wara-wara

Ngaturi uninga, nalika tanggal kaping 20 wulan punika, Bale Pustaka sampun nampi wissêl saking Kartasura rêgi f 1.50. rêsi nomêr 24, tanpa apsèndêr. Kajawi punika kathah wissêl ingkang namaning apsèndêripun botên cêtha, tur botên nêrangakên nomêring lênggananipun. Jalaran saking punika administrasi kêpêksa nyuwun tulung dhatêng:

a. Prayantun Kartasura ingkang rumaos ngintunakên wissêl kasêbut ing nginggil, kêparênga paring kabar prêlunipun ngintunakên arta wau sarta adrèsipun ingkang têrang.

b. Para ingkang badhe ngintunakên wissêl, kêparênga nyêrat, adrès utawi nomêring lênggananipun ingkang cêtha. Ngèngêtana suraosing wara-wara ing Kajawèn nomêr 99.

c. Ingkang sampun ambayar lunas tumrap kuwartal I, môngka nampi blangko ingkang kalêmpirakên ing Kajawèn nomêr 100, kêparêng lajêng ambucal kemawon.

[Iklan]

--- 1640 ---

UNITAS STUDIOSORUM INDONESIENSIS

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika nama satunggiling pakêmpalanipun para sêtudhèn pamulangan luhur (Geneeskundige Hooge School ingkang cêkakanipun G.H.S.), tuwin pamulangan luhur pangadilan (Rechts Hooge School, ingkang cêkakanipun R.H.S.), sami ing Batawi.

[Grafik]

Gambar saking kiwa manêngên: Tuwan-tuwan Adil, Puradirêja, kumisaris umum. Ismail Tayib, panitra II. K. Jayadiningrat, artaka II. Ribawa, pangarsa. Nonah Hadijah, panitra II. Kartajumêna, panitra I. Darma Sêtiawan, mudha pangarsa.

Adêging pakêmpalan wau kala tanggal 1 Sèptèmbêr 1933, dipun adani dening Tuwan Ribawa, Slamêt Sumadirja tuwin Muhammad Ibnu Hajar. Sakawit ingkang dipun dadosakên pangarsa Tuwan Trênggana Supali, sapunika dados sèkrêtaris kabupatèn ing Pakalongan. Kala samantên ing Batawi sampun wontên pakêmpalan tiga, inggih punika pakêmpalaning para sêtudhèn nama Bataviaasch Studenten Corps (B.S.C.) ingkang adhêdhasar kilenan Te Hsioh, pakêmpalaning para sêtudhèn bôngsa Tionghwa tuwin Perhimpoenan Peladjar-Peladjar Indonesia (P.P.P.I), ingkang katrajangipun ngambah pulitik.

Sarèhning para mudha têtiga wau dèrèng marêm dhatêng wontêning pakêmpalan-pakêmpalan wau, mila lajêng ngêdêgakên U.S.I. punika. Dene ancasing pakêmpalan:

1. Manah tuwin migatosakên dhatêng kabêtahaning golongan sêtudhèn tiyang siti.

2. Anggêgulang ajênging kasusilaning warganipun.

3. Nyupêkêtakên pasadherekan tumraping para sêtudhèn tiyang siti.

Kajawi punika ngudi rêmbag ing babagan kawruh, kagunan tuwin ulah raga. Makatên ugi para warganipun ngudi sagêdipun sêsrawungan kalihan mahaguru tuwin dhatêng sasamining warga.

Warganing pakêmpalan punika wontên 240 sami sêtudhèn bôngsa Jawi, Sundha, Madura, Palembang, Padhang, Batak, Acèh, Dhayak, Ambon tuwin sanès-sanèsipun. Wontên ugi ingkang bôngsa Arab 2.

Pakêmpalan wau mêntas ngawontênakên pahargyan pèngêtan kawan taun.

Ing pamuji mugi adêging U.S.I. lulusa sampun kirang satunggal punapa.

--- 1641 ---

Ngudhal Paribasan

Paribasan: cêlak anggônda bacin, têbih anggônda arum, punika mathuk sangêt kangge ngibaratakên tiyang nunggil sadhèrèk ingkang botên langgêng katrêsnan lan karukunanipun, adhakanipun pinanggih wontên ing jamaning para lare. Ewadene inggih botên kirang tiyang sampun ngumur kanggenan watak kados makatên. Mênggah katranganipun: rikalaning kêkêmpalan tansah gèsrèk, botên sagêd rukun, sabab saking anggèning botên sagêd êmong-ingêmong. Dene wêwinihipun botên mêsthi saking prakawis agêng, trêkadhang sabab namung saking prakawis sapele, rêmbag sakêcap utawi tindak sapêcak kawawa nuwuhakên parapabên, satêmah bêbêngkrikan, satunggal lan satunggalipun suthik kungkulan, wusananipun mahanani rêngganging pasadhèrèkan.

Salêbêtipun makatên, sadhèrèk wau ingkang katingal namung awonipun kemawon, sadaya kasaenanipun botên kamanah, mila lajêng dipun ngibaratakên: cêlak anggônda bacin.

Mênggahing lêlampahan ingkang kados makatên punika yèn dipun petani ingkang saèstu, sababipun ugi lajêng pinanggih, inggih punika namung kabêkta saking: melik, kados ta: melik mênang, melik nguwaosi, melik mêngku, melik andarbèni, melik pangalêmbana, melik kuncara,

--- 1642 ---

melik linangkung tuwin sapanunggilanipun. Sadaya wau grêbanipun namung melik unggul, mênggahing kabatosan kalêbêt nama satunggaling cacad.

Kosokwangsulipun: manawi kêmpaling sadhèrèk wau lajêng kêpisah têbih, apêsipun pêjah salah satunggal, adhakan raosing katrêsnanipun ingkang kantun lajêng thukul, brêkating raos trêsna, satêmah ngatingalakên kasaenanipun thok, cacad-cacadipun kasilêp. Têrangipun: upami ingkang angoncati wau sampun nate adamêl kasaenan dhatêng ingkang kantun, sanadyan ta namung saboboting sêmut, inggih kasaenanipun punika ingkang cumithak dados pêpèngêt-èngêting batos. Wangsul bab cacadipun, sanadyan sampun nate adamêl piawon saboboting gajah, adhakanipun botên pisan-pisan kumlamuk ing dalêm manah, pramila lajêng dipun ngibaratakên: yèn têbih anggônda arum.

Gêgambaraning raos ingkang kados makatên wau yêktosipun malah botên ngêmungakên sadhèrèk tandhing akalihan sadhèrèk kemawon, nanging nadyan tumrap tiyang mêmitran, trêkadhang samantên ugi, kajawi ingkang pancèn darbe dhêdhasar srèi.

Katitik saking punika, samangke têtela bilih ngupados karukunan sarta ngudi têtêping katrêsnan punika angèl. Sampun malih ingkang nama mitra, dumuginipun tandhing kalihan semah utawi anak piyambak kemawon, tiyang punika sok wontên kalamangsaning rêngat katrêsnanipun, kaot botên dangu lajêng pulih malih. Ewadene têtêp dados pasaksèn bilih pamanahing manungsa punika tansah ewah-ewah, botên sagêd langgêng.

Mangsuli bab paribasan, èstunipun paribasan kasêbut ing nginggil wau wontên têtandhinganipun inggih punika: sato kewan iku yèn diêmor saya lawas sangsaya atut runtut. Nanging bab punika sanajan tanpa kaudhal sampun cêtha gagapanipun. Pramila amrih jangkêping pangudhal prayogi kadhapuk pêpèngêting batos kemawon sawatawis, makatên:

Sarèhning manungsa punika suthik winastan asor, kêdah luhur, tandhanipun tansah kanggenan melik warni-warni, kados ta melik mênang, melik nguwaosi, mêngku, kuncara tuwin sapiturutipun wau, ingkang grêbanipun namung melik unggul, dados sayoginipn kêdah sagêd anyingkiri utawi angipatakên watak lare, anggènipun rêmên gèsrèk kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil wau.

Kaping kalihipun, sarèhning lumuh asor, sayogi sampun ngantos kungkulan dening budining sato. Wangsul angèngêtana têbusaning paribasan ingkang ôngka kalih punika, supados ing batos lajêng amanggih têpa: lah iya, wong lagi sipating sato kewan bae yèn kaêmor saya lawas malah saya atut runtut…apadeneapa manèh. manungsa.

Nuwun, mugi cêkapa samantên kemawon pangudhal kula paribasan punika, bilih wontên tuna dungkaping ukara, mugi sampun kirang ing pamêngku, jaragan tinimbang nganggur aluwung sinau, mênggahing êmpanipun inggih namung sumôngga.

Nirrasa.

--- 1643 ---

Nusakambangan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 102.

Kawontênanipun griya-griya ingkang wontên sanginggiling toya, tumrap tiyang ingkang sawêg sumêrêp, tamtu anganggêp ing ngriku punika satunggiling panggenan ingkang botên limrah, mila pantês dipun wastani anèh.

[Grafik]

Tiyang èstri nuju sêsadean barang-barang praboting pawon.

[Grafik]

Griya-griya ingkang dunungipun ragi manêngah.

Tiyang ingkang nêmbe minggah wontên ing panggenan ngriku, ing pangraos namung kados dhatêng wontên ing griyaning tiyang, botên rumaos manawi malêbêt dhatêng dhusun. Nanging mangke manawi sampun linggihan sawatawis utawi sampun anjajah ing panggenan ngriku, sawêg kraos manawi wontên ing dhusun yêktos, lajêng sumêrêp tiyang lumampah ing margi, sumêrêp umbyakipun tiyang pados bêtah, sumêrêp tiyang sêsanjan tuwin sanès-sanèsipun.

Ingkang dipun wastani margi agêng wau inggih awujud wod, têtêrusan ngambah sangajênging griya-griya. Limrahipun sabên griya sami ngongkang margi, wontên ingkang margi alit. Ing sapinggiring margi wau wontên ingkang bikak wande punapa, sade kabêtahanipun bale griya. Malah wontên bôngsa Tionghwa ingkang sampun bikak wande wontên ing ngriku ngiras numbasi angsal-angsalanipun ulam têtiyang ing ngriku.

Kajawi punika ing padhusunan ngriku punika ugi asring dipun dhatêngi tiyang sêsadean ingkang barang-barangipun dipun wadhahi ing baita alit, dipun tawèkakên saking baita, kados ta barang-barang praboting pawon, dene tangkêpipun têtiyang ing ngriku botên beda kados kadhatêngan tiyang sêsadean ing dharatan punika.

--- 1644 ---

Dumuginipun sapunika ing laladan sêgara anakan wau wontên dhusunipun pitung panggenan, ingkang sakawan cêlak kalihan dharatan, sanès-sanèsipun kalêbêt ragi manêngah. Dhusun-dhusun wau ingkang kapetang kina piyambak ing Ujungalang, dhusun wau kala pitung dasa taun kêpêngkêr nate kêbêsmèn, lajêng dipun dêgi dhusun enggal malih ingkang prênahipun ragi mangalèr, dangu-dangu inggih lajêng pulih dados dhusun agêng.

Cara gêgriya ingkang kados makatên punika tumraping nagari sanès, ingkang kapetang cakêt kalihan sagantên kalêbêt limrah. Malah tiyang ingkang gêgriya makatên punika lajêng dipun anggêp dados satunggiling golongan, dipun wastani tiyang pasisir, kosokwangsulipun tiyang ing dharatan. Namung wontên kaotipun sakêdhik, anggèning gêgriya tiyang ing ngriku wontên ingkang ngantos manêngah punapa. Tiyang gêgriya ingkang kados makatên punika ingkang kathah pinanggih ing nagari ingkang ngongkang sagantên.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, ing ngriku wontên dhusun ingkang nama Mutihan. Manawi mirid nama wau nama Mutihan punika mèmpêripun ing ngriku dados padununganing tiyang agami Islam, ingkang limrahipun dipun wastani tiyang Mutihan. Nanging nyatanipun botên makatên, nama Mutihan punika saking katêlah tuwin jalaran saking risaking têmbung Mutearan. Mênggah cêcariyosanipun makatên.

Ing ngajêng, kala jaman Kumpêni, ing sagantên ngriku punika dipun kintên kathah mutyaranipun, inggih punika bangsaning tirêm ingkang cangkokipun isi pating prênthil, kenging kangge sêsupe tuwin kalung, namung pinanggihing mutyara ing ngriku alit-alit, ngantos sapriki taksih asring wontên tiyang ingkang sagêd manggihakên.

Ing kala Kumpêni mirêng ing ngriku wontên mutyaranipun, lajêng dipun adani kawontênakên tindak ngupados mutyara. Nanging sarêng dipun adani yêktos, namung damêl kapitunan agêng.

Mirid kawontênan saya walêdipun laladan ing ngriku punika, pinanggihipun namung badhe saya nyuda panggêsanganipun tiyang ing Pajagan, awit pinanggihing pamisayan ulam saya suda. Môngka tumrap têtiyang ing ngriku sampun run-tumurun anggènipun pados ulam. Saupami têtiyang ing ngriku wau kapurih nindakakên padamêlan sanès, upami kapurih têtanèn sapanunggilanipun, pinanggihipun namung sarwa kakên. Nanging manawi sampun kêpèpèt, tamtu inggih lajêng sagêd tumindak.

Kabêkta saking ewahing kawontênan, jiwanipun têtiyang ing ngriku punika saya suda, kados ta rumiyin ingkang jiwanipun kawan èwon, pinanggihipun ing sapunika kirang langkung namung kantun sapalih. Sagêd ugi sudaning jiwa ing ngriku punika saking indhaking wawasanipun têtiyang ing ngriku, botên namung badhe ngrungkêbi panggêsangan satunggal, ugi lajêng mangrêtos bilih ngupajiwa punika pinanggih warni-warni.

Namung tumraping tiyang sanès, amastani bilih ing padhusunan ngriku punika taksih pinanggih rame.

Kados makatên kawontênanipun ing Nusakambangan salaladanipun.

Pawartos saking Redhaksi

K. 4009 ing Bêtawi. Karangan ingkang kados makatên punika mapanipun kapacak ing ariwarti.

K. 2421 ing Sêmarang. Lotre sampun kasèp. Sn Pa, Sura 1901 dhawah tanggal 16 taun 1831 utawi kaping 6 Mèi.

--- 1645 ---

[Iklan]

Kawontênan ing Tiongkok

Ing bab tansah kasoranipun Tiongkok pêpêrangan kalihan Jêpan, punika mênggahing nalar, Tiongkok tansah kawon dhêsêk, saha sampun pintên-pintên panggenan ingkang wigatos sampun kêrêbat ing Jêpan. Nanging mênggahing kabangsan Tiongkok, dèrèng wontên raos ingkang nêdya angêndhoni, niyatipun badhe kalajêngakên dumugi tumpês pisan. Ewasamantên tindakipun Tiongkok wau inggih taksih mawi dugi-dugi tuwin kanthi wawasaning para ahli paprangan.

Senapatining paprangan Tiongkok, Jendral Syang Kai Sèk, apratela bilih paprangan punika tumrapipun Tiongkok badhe kalajêngakên panglawanipun. Rêrigêning Syang Kai Sèk, sampun ngantos wadya Tiongkok lajêng pating slêbar botên kantên-kantênan, sasagêd-sagêd sami sêtyaa dhatêng parentah pusêr, inggih namung sarana punika ingkang badhe nglêstantunakên kasantosanipun Tiongkok. Makatên ugi pangajêng-ajêngipun Syang Kai Sèk, mugi nagari sanès-sanèsipun sami anjêjêgna tata ngadilipun.

Ing bab golongan wadya Tiongkok ingkang nungkul, punika dipun anggêpa satunggiling bêbaya ingkang dhumawah ing Tiongkok. Nanging salajêngipun, Tiongkok tansah ihtiyar kanthi ngêtog karosan, sampun ngantos ngalokro. Kajawi punika ugi sampun ngantos anjagèkakên pitulunging liyan, sadaya sami pitadosa dhatêng kêkiyatanipun piyambak.

Mirid katrangan saking Syang Kai Sèk, wiwit pêrang [pê...]

--- 1646 ---

[...rang] dumuginipun sapunika wadya Tiongkok ingkang sirna wontên 300.000. Dene karisakan tuwin kasangsaran ing golongan ingkang sanès militèr, tanpa wicalan. Ing salaminipun, Tiongkok dèrèng ngalami kasangrankasangsaran. ingkang samantên agêngipun. Prasêtyanipun Syang Kai Sèk, suka badanipun dadosa bêbantêning praja.

Ingkang minôngka dhêdhasar sagêdipun Tiongkok unggul, kêdah anglajêngakên nanggulangi Jêpan, utawi pananggulangipun wau botên namung wontên ing Nanking tuwin kitha agêng sanès-sanèsipun, ugi kêdah mawi tatanan sagêd nanggulangi wontên ing pundi-pundi, kanthi daya pambiyantunipun rakyat Tiongkok sadaya. Manawi nyata wadya Tiongkok sagêd kiyat saha panggah anggènipun nanggulangi mêngsah, botên sande Jêpan badhe kecalan daya piyambak.

Sanadyan sêdyanipun Syang Kai Sèk kados makatên, nanging ugi wontên wartos bilih Ruslan nêdya ambiyantu dhatêng Tiongkok, malah kêlampahan sampun wontên wêwakil Ruslan kanthi tiyang sawatawis numpak motor mabur dhatêng Hanko, nêdya badhe ambiyantu dhatêng parentah pusêr. Tindak pambiyantunipun Ruslan wau kanthi ngawontênakên panêdha: 1 supados parentah kabangsan angewahi pranatanipun, ingkang ing ngajêng dipun wastani parentah kabangsan, dipun santunana dados parentah rakyat mêmêngsahan Jêpan. 2. ministêr-ministêripun paprentahan wau ingkang sapalih kêdah ngangge tiyang saking parentah Sopyèt Tionghwa. 3. para upsir golongan Komunis Tionghwa kêdah malêbêt dhatêng panguwaosipun Syang Kai Sèk.

Salajêngipun wontên wartos, sampun wontên motor mabur Sopyèt cacah 120 kanthi juru ingkang nglampahakên 240 sampun bidhal dhatêng Hanko.

Kajawi punika tumrapipun paprentahan ing Hanko inggih sampun wontên rêmbag: 1. supados ngawontênakên tatanan enggal tumraping wadya Tiongkok. 2. Ngangkah sagêda ngangge baunipun bôngsa Tionghwa piyambak, kanthi nuntun dhatêng sawarnining golongan dados militèr, tuwin ngudi sagêdipun mêwahi pamêdal ingkang migunani kangge prêluning paprangan. 3. Maligi ngudi indhaking pamêdal têtanèn. 4. Ngudi indhaking gêgaman pêrang. 5. Ngudi indhaking arta praja kanthi ngindhakakên pajêg enggal. 6. Nyaèni babagan sêpur tuwin kawat.

Pinanggihipun ing rêmbag, sadaya wau dipun sayogyani. Ing pangintên, salajêngipun Tiongkok badhe manggih kêkiyatan malih.

Kajawi punika Syang Kai Sèk andhawuhakên kêncêng dhatêng para nara praja botên kaparêng bingah-bingah, manawi ngantos wontên ingkang nêrak, upaminipun dhansah wontên ing papan kasênêngan, kêdah dipun ukum kisas. Makatên ugi angawisi ngabotohan. Sadaya wau mawi kawontênakên juru ngulat-ulatakên wontên ing pundi-pundi.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Kados ingkang sampun kasêbut ing Kajawèn kapêngkêr, sêsorahipun Tuwan S. Sastrasuwignya, ing radhio Nirom tanggal 26 Dhesèmbêr, punika kaundurakên ing tanggal 2 Januari 1937.

--- 1647 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pilêm Têrang Bulan

II

Petruk : Wis, saiki jêpipingna kupingmu, Kang Garèng, tak caritani mungguh dêdongengane pilêm Têrang Bulan kuwi. Nanging panjalukku aja guru-guru kowe nunjang omonganaku, mêngko anggonku carita mundhak kithal. Kanthi dicêkak dongengane mau mangkene:@Kacarita ing pulo Sawobah ana jêjaka aran Kasim. Kasim iki susah bangêt, jalaran sir-sirane, saiwijining prawan ing pulo kono kang jênêng: Rohaya, bakal dijodhokakake karo wong kang aran Musa, dene Musa iki sanyatane wong ala, nanging ana ing pulo kono kuwasane gêdhe bangêt. Sing sapa ora disênêngi dening dhèwèke mau, mêsthi cilaka. Mitrane Si Kasim, sing jênênge Dullah, dimungsuh bangêt dening Musa mau, mulane banjur minggat saka pulo kono, mênyang Singgapura.

Garèng : Mêngko sik, Truk, aja dadi munêg-munêging atimu, aku arêp takon dhisik, wong pikiranaku ujug-ujug banjur sêtop, alias: ora ngrêti. Lagi anu kowe nyaritakake, wong-wong ing pulo Sawobah kuwi jarene padha nyêmbah brahala. Dadi iya nyêmbah: rêca, nyêmbah: watu barang kae. Têka wong-wonge nganggo jênêng Kasim, Musa, Dullah, nèk wadon iya: Rohaya, lo, iki rak jênêng-jênênge wong Arab, utawa yèn bangsane dhewe, anggêre jênêng sing kaya ngono kuwi, kagèt sathithik iya sing kalair têmbunge mangkene kae: astohpirrullah, utawa sing sadhela-sadhela muni: insaallah, ngono kae, têgêse: mêsthi wong Islam. Hla wong jênênge bôngsa sing pracaya nyang Allah Tangallah, jêbul pracaya lan nyêmbah-nyêmbah nyang rêca, yak, iki sing nganggit dêdongengane Têrang Bulan kuwi mau, apês ambalêbês, kêna diunèkake: ngimpi. Aku ora arêp andakwa yèn dèn bèi mau arêp angrèmèhake bangsane dhewe, ora babarpisan. [babarpi...]

--- 1648 ---

[...san.] Mung bae sing gawe judhêging atiku, milih jênênging wong-wong kang padha nyêmbah brahala bae têka jênênge wong Islam, kênang apa ora milih jênêng-jênêng upamane bae: Wèllêm Jakob Mari, Dhorah...

Petruk : Wiyah, wiyah, ambok aja nguthik-uthik asu turu mêngkono, Kang Garèng, ambok aja sumêla-sêla dhisik. Aku tak ngrampungake dhisik dongènge.@Kocapa, Kang Garèng, sawijining sore kabênêr padhang bulan, Kasim sarana nabuh kitar mênyanyi-mênyanyi lagu: têrang bulan têrang dhi kali, lan isining nyanyian mau ora liya mung angalêmbana marang endah ayune Rohaya. Dumadakan ing kala samono Rohaya sakônca-kancane, ngrungu nyanyiane Si Kasim mau, sarta Rohaya banjur mênyanyi minôngka wangsulane, sarta nyaritakake, yèn atine lagi susah bangêt, sabab arêp dijodhokake karo wong liya, sing dhèwèke ora sênêng babarpisan.

Garèng : Wathathitah, sajake têka wis nyara... kumidhi sêtambul têmênan. Apês ambalêbês iya mèh cara jaman... buwayah Kêmayoran. Kuwi jaman biyène jarene: yèn kabênêr padhang bulan, para bajul buntung kuwi mau yèn arêp main royal, banjur mlaku-mlaku turut kampung, nabuh kitar karo bêngak-bêngok mangkene kae: ha-i, nonah manis dhisayang-sayang, ja-puh, mung ing kene bedane, wanita sing diarah dening bajul buntung mau, ora kok banjur mangsuli sarana bêngok-bêngok: a-i, tuwan, dhisayang-sayang, mêngkono kae upamane, nanging mung ngintip-intip saka saburining lawang, ngêmungake sing pancèn wis ucul, kuwi sok banjur plêncing, mlumpat jêndhela, banjur nginthil nyang bajul buntung mau. Malah kabare ing tanah Sêpanyol iya ana carane jêjaka nabuh bangsane kitar karo jêrat-jêrit kuwi, jarene wanita sing diarah kuwi, nèk pancèn duwe sir, iya banjur sok longak-longok ana ing jandhela, bokmanawa karo mesam-mèsêm, nanging kabare ora mangsuli jêrat-jêrit. Dadi ing sêmu wong-wonge ing pulo Sawobah kuwi luwih maju, luwih pre, katimbang wong-wong Batawi ing jaman biyèn, utawa wong-wong ing Sêpanyol. Utawa prawan-prawane ing pulo Sawobah kono luwih ora idhêp isin...

Petruk : Kang Garèng, wong iya dongèng, rak iya kêna-kêna bae, amrih bisa gawe sêngsême wong nonton.

Garèng : Hla iya, aku ngrêti yèn mêngkono karêpe, mung bae ambok le nganggit kuwi rada sing kalêbu nalar sathithik. Jarene pulo Sawobah kuwi pulo andhewe, nganti ora tau kambah ing wong mônca, jêbul ana jêjakane sing bisa main kitar, kathik bisa mênyanyi têrang bulan barang, wuwuh-wuwuh prawane iya bisa ngrumpaka, kathik iya nganggo lagu: têrang bulan, mulane ing ngarêp tak kandhakake, nèk-nèke mis Ribut wis tau idêr nyang pulo kono, malah salah siji wonge kèri ing kono sarana ditinggali kitar upamane.

Petruk : Hara, kok banjur warna-warna rêmbuge mangkono, wis, aluwung rungokna bae,

--- 1649 ---

tak banjurne dêdongenane têrang bulan mau. Sawijining sore Kasim lan Rohaya kêtêmu ijèn padha ijèn manèh, dumadakan bakal jodhone Rohaya, Si Musa, têka ing papan kono. Karo mesêm-mèsêm Musa calathu marang Rohaya mangkene: Rohaya, ayo enggal mulih, kowe kudu sadhiya-sadhiya anggonmu bakal ditêmokake karo aku mêngko sore.

Garèng : Wa-dhuh, wong lanang kathik le sabir. Ingatase andêngangi bakal bojone lagi gêndhulak-gêndhulik karo jaka liya, kathik ora nglolos pengot, têka malah mung gumuyu-gumuyu karo ngandhani nyang pacangane: tumuli sêdhiyaa mêngko bêngi tak kawin.

Petruk : Iki mung dongèng, Kang Garèng, dongèng. Sorene pangantèn lanang, iya Musa mau, têka saka sagara marani ing pulo kono...

Garèng : Wah, sake pangantèn lanang bangsane putra wayahe ndara Nyai Rara Kidul. Wong jarene têkane saka sagara.

Petruk : Wayah, bokmanawa nganggo diarak barang dhisik. Padhane kalane kowe dadi pangantèn, sadurunge têmu, pangantène lanang diarak nyang alun-alun lan turut Pacinan, sarèhne pangantèn ing pulo, pangarake pangantèn lanang iya banjur nyang sagara. Barêng têkan ing dharatan pulo kono, pangantèn lanang sarana nunggang joli kang dipikul kurang luwih ing wong patang puluhan, digawa nyang omahe Rohaya, prêlu mêthuk pangantèn wadon. Sabanjure pangantèn wadon banjur munggah ing joli, lungguh jèjèr karo pangantèn lanang. Sauwise, joli banjur diangkat manèh sarta budhal manèh. Awit ing kono ana carane dhewe, yaiku: ijabing pangantèn kuwi ana papane dhewe, êmbuh ing alas, êmbuh ing ara-ara, gambare ora pati cêtha. Mung bae sing katon cêtha, ing kono ana rêcane, sing disêmbah-sêmbah dening wong tuwa, kang wujud lan panganggone, luwih-luwih ikêt-ikêtane iya wis cêkèk... wong Sundha. Ijabe pangantèn, sing sarana dipadhangi ing obor pirang-pirang atus, tatacarane mangkene:@Luwih dhisik pangantèn lanang nyêmbah nyang rêca, banjur lungguh ana ing ngarêping rêca kono. Sauwise pangantèn wadon sing nyêmbah ing rêca, lan banjur dilungguhake jèjèr karo pangantèn lanang. Tangane pangantèn wadon banjur ditlikung, bokmanawa karêpe: wong wadon wis kêtlikung dening wong lanang, dadi wis ora kêna anduwèni kêkarêpan apa-apa manèh, kajaba manut miturut nyang sing lanang. Sing kanggo tôndha nèk ijabe wis kalakon, kuwi: wêdhus, kang ditalikung sikile, bakal dibêlèh. Anggêre gêtihing wêdhus wis mancur, pangantèn lanang wadon mau iya wis dadi jodhone.

Garèng : Wèh, adat tatacarane têka digawe nganèh-anèhi têmênan. Wong Sundha tuwa sing nyêmbah rêca, pangantèn wadon tangane ditlikung, sing kanggo tôndha yèn lanang wadon wis ijab, gêtihing wêdhus sing dibêlèh. Wèh, mula iya pintêran anggone gawe dongèng... nglêmpara.

--- 1650 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Kadurjanan agêng ing Balikpapan. Satunggiling kyai ing Balikpapan nalika nuju mlampah-mlampah, griyanipun kêlêbêtan ing tiyang awon, sagêd mêndhêt arta ingkang dipun rimat wontên ing trommel cacah f 300.000.-, tuwin barang-barang mas intên rêrêgèn f 700.000.-. Sarêng dipun padosi wontên barang-barang ingkang pinanggih patih bêcècèr, makatên ugi sagêd manggihakên arta. Bab kadurjanan punika kakintên saking tindakipun tiyang ingkang sampun kulina ngambah griya ngriku.

[Grafik]

Motor mabur Inggris wontên ing Tanjungpriok. Motor mabur Inggris Centaurus kala tanggal 14 wulan punika wanci jam 2 dumugi ing Tanjungpriok, ing sadèrèngipun mandhap mawi kêkalangan wontên ing gêgana ngantos dangu, lajêng mandhap wontên palabuhan tiga. Motor mabur wau wontênipun ing Tanjungpriok dumugi ing dintên Kêmis enjing, tumuntên nglajêngakên lampah dhatêng Surabaya, lajêng dhatêng Timor Kupang wusana dhatêng Australie. Ing salêbêtipun wontên ing Bêtawi mawi ngawontênakên pêpanggihan kalihan punggawaning motor mabur wau wontên ing dalêmipun Consul Generaal Inggris.

Têtêmpah waragad sêratan tumrap kalurahan dhusun. Awit saking usulipun warga Raad Kawula Tuwan Sutarjo, parentah marêngakên badhe paring têtêmpah waragad sêsêratan tumrap dhatêng para lurah dhusun ingkang dipun wêdalakên piyambak. Nanging sapunika sawêg mundhut katrangan dhatêng pangagêng-pangagêng nagari, pundi ingkang pantês dipun paringi, kanthi pilih-pilih punapa sadaya sabên kêpala dhusun.@Mindhah pabrik wacucal. Pabrik wacucal kagunganipun nagari ing Bogor badhe kapindhah dhatêng Ngayogya. pAmindhahipun kintên-kintên badhe kêlampahan wontên salêbêtipun wulan Januari ngajêng punika.

Gemeente angsal pitulungan arta. Tumrap gemeente Surabaya tuwin sanès-sanèsipun ing Jawi Wetan tampi arta pitulungan kathahipun f 145.000.-, pêrlu kangge waragad pêrluning bêbaya panêmpuh gas saking gêgana.

Taun baru Tionghwa namung badhe kadamêl ringkêsan. Miturut wartos, pakêmpalan-pakêmpalan bangsa Tionghwa ing Bêtawi tuwin Surabaya sami ngawontênakên rêmbag, bilih benjing taun baru Tionghwa sami botên ngungêlakên mêrcon long kados padatan. Karameanipun Capgomèh ugi badhe kadamêl alit-alitan kemawon.

Bêna ing Lasêm. Ing Lasêm, Rêmbang, mêntas wontên jawah dêrês ngantos dangu, anjalari mbaludaging lèpèn Bagagan saha anjalari bêna ing salêbêting laladan Lasêm. Margi-margi tuwin griya atusan sami kêrêndhêm toya. Para pangagêng nagari sami rawuh papriksa dhatêng papan ingkang kêbênan wau, saha lajêng dhawuh paring pitulungan. Kajawi bêna wau ugi ngêlêbi papan pamiyaran ulam ingkang damêl kapitunan agêng.

Tiyang siya ing pakunjaran. Ing pakunjaran ing Surakarta wontên tiyang ukuman ingkang dipun siksa samining tiyang ukuman pintên-pintên, paniksanipun wau kanthi tindak siya tuwin misakit. Katêmahanipun tiyang wau ngantos sakit saha kalêbêtakên ing griya sakit. Dene sababipun dipun siksa wau, amargi tiyang ingkang dipun siksa punika ingajêng kadakwa dados sêpiyun.

Kaêndhêg anggènipun badhe pêrlop dhatêng nagari Walandi. Kawartosakên, Tuwan E. inspecteur pagantosan nagari ing Bali ingkang badhe pêrlop dhatêng nagari Walandi, nalika dumugi ing Bêtawi dipun êndhêg ing pulisi amargi badhe kapriksa ing bab kisruhan ing padamêlanipun. Wusana anggèning pêrlop wau kasandèkakên.

Pamulangan luhur pangadilan. Lulus doctoraalexamen perangan kaping tiga, R. Subagyo Joyowidagdo.

--- 1651 ---

Badhe ngadêgakên tandha pangèngêt-èngêt. Pakabaran ing Kajawèn no. 100, punika lêpat. Dene lêrêsipun:@Pakêmpalan golongan P.P.B. Afdeeling Salatiga, nêtêpakên badhe ngadêgakên tandha pangèngêt-èngêt sarupi tugu (zuil) benjing samangsa Sri Paduka Prinses Juliana kagungan putra. Waragatipun kintên-kintên f 500,- waragad samantên wau badhe dipun sanggi dening para warganing pakêmpalan P.P.B. tuwin Donateurs. Ingkang dados pangayoman adêgipun tugu tandha pangèngêt-èngêt inggih punika panjênênganipun Radèn Ayu Pangeran Ario Sunarto tuwin Radèn Ayu Rêksonagoro.@Dene pakêmpalan golongan pènsiun militèr (B.I.G.M.) ing mangke mbotên tumut ngadêgakên tugu (zuil) kasêbut ing nginggil.@Warganing pakêmpalan P.P.B. Afd: Salatiga. No. 1504. H.S.

Mangsa labuh ing Kaliwungu. Kawartosakên tiyang-tiyang dhusun ing Kaliwungu sawêngkonipun sami angrêsah, jalaran dhawahing mangsa labuh, sabin ingkang sadangunipun kêkirangan toya, sapunika ngajêngakên tanêm pantun kêpambêng dening toya bêna. Manut paturan saking lurah dhusun salêbêtipun kalih wulan ingkang kapêngkêr wontên pawinihan sami garing, sitinipun sami nêla, pasabinan katingal ngênthak-ênthak. Mangka winihipun racak-racak umur 3 wulan, malah wontên ingkang 70 dintên mêksa dèrèng pikantuk toya, salajêngipun ndadosakên prihatosipun kanca tani tuwin damêl kasamaran. Saya malih sabin-sabin salèr Karangtêngah-Kumpulrêjo, kados ta dhusun Wonorêjo, wontênipun sêbaran sami garing, lèpèn-lèpèn sami asat, dados mbotên kenging kangge adus, punapa malih kangge mususi uwos prasasat ênggen-ênggenan. Nanging ngajêngakên riyadin Sawal wiwit wontên jawah têrus sapriki lêt pitung dintên jawahipun sangsaya dêrês, ngantos ndhatêngakên bêna, têtiyang lajêng sami bingah, ananging wontênipun bêna ingkang damêl lubèripun sabin-sabin tuwin mêdhotakên tanggul-tanggul sabin kapêksa dipun kèndêlakên, dados dèrèng sagêd nggarap, awit mbujêng sêbaran ingkang sampun mangsanipun kadhaut lajêng mundur, sawênèh wontên ingkang dipun têrusakên ndhaut, enjingipun têrus katanêmakên, dene panggaraping sabin sarana dipun luku kemawon P.

Pakurmatan Sri Paduka Prinses Juliana. Ingkang pinanggih ing dhistrik Kaliwungu gêgayutan klayan pêkabaran badhe pambabar dalêm Sri Paduka Prinses Juliana, pundi-pundi dhistrik, regentschap Kêndal badhe ngawontênakên Comite kangge pakurmatan dalêm sri paduka wau. Dhistrik Kaliwungu sami umyêg damêl ada-ada badhe tumapaking pakurmatan wau sarana ngawontênakên urunan kanthi eklasing manahipun para ingkang kasdu urun.@Benjing ngêntosi dhawuh saking nagari, dipun wontênakên arak-arakan murid sêkolah dhatêng kawêdanan, sêsarêngan barongan, dumugi dhistrik murid-murid sami manêmbrama, bêksa, lare sêkolah murid madrasah ugi manêmbrama, ngangge basa Arab.@Ing pêndhapi kawêdanan dipun wontênakên buffet saking pakêmpalan "Rukun Wanita" kangge nyadhiyani para tamu Walandi sarta saandhahanipun, dene murid-murid pikantuk ombèn-ombèn utawi panganan ugi saking pitulunganipun pakêmpalan wau. Jam 3 dumugi jam 5 sontên nunggil dintên dipun wontênakên pêpajangan tumpakan (bloemcourso), dalunipun ing papan kawêdanan dipun wontêni tontonan gambar idup saking pirukunanipun bangsa Tionghwa Kaliwungu, pêncak jalêr, lênggukan, ing pêndhapi wontên langênswara mawi pasindhèn, ing karas ngajêng masjid dipun sukani tarup kangge para murid-murid madrasah mawi lagu-lagu. Enjingipun bibaran.@Mila saking wontênipun dintên paargyan wau sadaya kunjuk sumungkêm dhatêng ngarsa dalêm Sri Maharaja Walandi tuwin ingkang putra putri Juliana pinaringana tanpa sambekala widada basuki botên kirang satunggal punapa. P.

Vice-President Raad Indiya. Miturut wartos, Tuwan van den Bussche Vice-President Raad Indiya, benjing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr 1938 badhe lèrèh.

K.N.I.L.M. badhe ngawontênakên lampah dalu. Awit saking sêdyanipun K.N.I.L.M. badhe ngawontênakên lampah anggêgana ing wanci dalu saking Surabaya dhatêng Bêtawi.

Nêmahi tiwas jalaran saking pijêt. Tuwan T.B.S. ing Ngayogya, sampun dangu gadhah sakit blindedarm, nanging ing sêmu botên kasumêrêpan, sabên kraos sakit namung dipun undangakên tukang pijêt, saha manawi sampun dipun pijêt lajêng kraos sakeca. Satunggiling dintên nuju kraos sakit, ragi sangêt, lajêng dipun undangakên tukang pijêt, nanging sarêng dipun pijêti botên adamêl mayar, malah saya sakit. Ingriku sawêg nêdha pitulungan doktêr. Sarêng doktêr mriksa, cariyos manawi sakitipun sampun kasèp. Miturut papriksaning doktêr sêsakitipun wau (blindedarm) sampun pêcah, jalaran saking patraping dhukun ingkang anggarap. Wusana tuwan T.B.S. kêlajêng andadosakên ing ajalipun.

Dr. D.A. de Kat Angelino. Miturut wartos, ing wêkasaning wulan punika Dr. D.A. de Kat Angelino tilas Directeur Departement Pangajaran dumugi ing Bêtawi, saking Australie. Panjênênganipun tuwan wau nyandèkakên anggèning badhe tindak dhatêng Jêpan tuwin Tiongkok.

Pamulangan luhur doktêr. Lulus candidaatsexamen kapisan, R. Abdul Hajji, Tuwan Rusli, H. Sadikin, Supandi tuwin Tuwan Tan Tjin Siok. Lulus doctoraalsexamen perangan kapisan, Tuwan-tuwan Gang Sing An, Loo Siauw Jong, Lie Ek Kiang tuwin R. Sucipto Purwosuprapto. Lulus doctoraalexamen perangan kalih, Tuwan-tuwan R. Harjono Harjokusumo, Lie Djing Jang tuwin Thio Teng Boe. Têtêp dados arts, Tuwan Lie Gik Djien.

Pangarsa Landraad. M. Hadiwinoto rechtskundige, ondervoorzitter Landraad ing Serang, Pandeglang tuwin Rangkasbitung, dados ondervoorziiterondervoorzitter. Landraad ing Surabaya.

NAGARI WALANDI.

Gêrah dalêm Sri Paduka Prins Bernhard mèh sênggang. Miturut wartos praja, kawontênanipun Sri Paduka Prins Bernhard ing minggu ingkang wêkasan piyambak pinanggih langkung sae. Ingkang punika, rawuh dalêm Sri Paduka Prinses Juliana sagêd tuwin ngantos dangu.

Pakurmatan samangsa babaran. Miturut wartos saking Den Haag, benjing samangsa Sri Paduka Prinses Juliana ambabar, manawi miyos kakung, dipun urmati ungêling mriyem 101 rambahan, dene manawi putri 51 rambahan. Ungêling mriyem wau samangsa sampun ambabar, nanging manawi miyosipun sampun wanci sontên utawi dalu, anggènipun ngungêlakên enjingipun wanci byar. Pakurmatan mriyem wau saking kapal-kapal pêrang Walandi.

EROPA.

Pasitèn ing London. Ing London wontên pasitèn jêmbaripun 1000 acre ing sacêlakipun Ilford, dipun tumbas kanthi rêrêgèn 289.000 pondsterling, pêrlu badhe kangge pakèndêlan anggêgana tumrap kitha London. Waragadipun andamêl 600.000 pondsterling. Têbihing papan anggêgana wau saking kitha London wontên 20 km. lajêng dipun dèkèki sêpur listrik, murih sagêd ngenggalakên lampah.

AFRIKA

Sedan agung ing Mêsir. Ing tanggal 21 wulan punika, Pangeran Ahmad Saifuddin seda. Layon wau kabêkta saking Istambul dhatêng Mêsir. Sang pangeran punika ipe Nata Mêsir Prabu Fuad. Nalika layon kasarèkakên kathah para agêng ingkang anjênêngi. Sri nata ugi maringi wêwakil.

--- 1652 ---

Wêwaosan

III Lêlampahanipun Ilya.

36

Sang Ilya umatur makatên: Dhuh, sinuhun pêpundhèn kawula, mugi krêsaa paring papan andhèrèk bojana andrawina wontên ing ngarsa nata, kawula punika prajurit mônca ingkang sawêg nandhang kaluwèn. Dhuh, gusti, sowan kawula ing ngarsa nata punika, kawula kapengin ngawula ing ngarsa paduka supados kawula sagêda amêrangi sadaya mêngsah paduka. Mênggahing kawula, botên badhe ajrih kalurugakên pêrang sanadyan amêngsaha prajurit bôngsa Tartar sèwu cacahipun. Sanadyan cacahing prajurit wau wontên kalih èwu, kawula botên badhe ajrih, malah sanadyan kakêpanga ing mêngsah cacahipun tigang èwu, botên-botênipun kawula ngantos kaplajêng. Kawula botên bêtah dhatêng pitulunganing sanès, lan pêksi gagak tigang dasa iji saanak-anakipun pisan, kenging anglajêngakên anggènipun sami sênêng-sênêng lan nêdha eca, kawula piyambak ingkang badhe ananggulangi mêngsah.

Mênggah kajêngipun Ilya, ingkang dipun wastani gagak tigang dasa, punika sajatosipun para prajurit tigang dasa ingkang ing sêmu damêlipun ngêmungakên sênêng-sênêng lan nêdha eca kemawon. Ing dêdongengan Rus, prajurit ingkang prawira punika kasamèkakên kalihan pêksi alap-alap, dene manawi prajurit dipun upamèkakên pêksi gagak, punika sanyatanipun ngina lan ngrèmèhakên.

Punapa jalaran saking botên mangrêtos, punapa sabab saking ajrihipun dhatêng sang prabu, sanadyan prajurit tigang dasa wau dipun sêpèlèkakên dening Ilya, namung kèndêl kemawon. Dumadakan ing ngriku sang prabu, ingkang kala punika botên nguningani bilih prajurit ingkang mêntas ngadhêp punika sajatosipun Ilya, lajêng andangu makatên:

He, prajurit kang lagi têka, saka ing ngêndi pinangkamu, lan sapa jênêngmu utawa sapa wong tuwamu.

Ilya amangsuli: Nama kawula punika Nikita.

Sang prabu angandika malih: Andadèkake bungah ingsun, dene sira wis angadhêp ana ing ngarsaningsun lan wis anyaguhi dadi prajurit ing prajaningsun iki. Tumrape prajurit kang prawira, kanthi rênaning panggalih ingsun ngajak bêbarêngan bojana andrawina karo jênêng ingsun. Ing papan pungkasaning larikan iki isih ana panggonan, mara sira tumuli mapana lungguh lan banjur miwitana mangan.

Para abdi kadhaton lajêng enggal-enggal amurugi Ilya ingkang lajêng kairit dhatêng ing papan ingkang dumunung wontên ing pungkasaning meja panjang ingkang kangge bojana andrawina wau saha lajêng dipun acarani lênggah. Ilya linggih sakêdhap, nanging lajêng ngadêg malih sarwi wicantên makatên:

Dhuh, Prabu Wladhimir ing Kiyèph, sayêktos adamêl gumuning manah kawula, dene panjênêngan amaringi papan linggih dhatêng kawula, ingkang botên pantês sangêt kalihan pangkat kawula punapadene lêlabêtan kawula dhatêng praja. Panjênêngan piyambak, dhuh sang prabu, lênggah sêsarêngan kalihan para gagak, dene anaking gagak-gagak wau ingkang panjênêngan dhawuhi linggih sajajar kalihan kawula.

Ing ngriki kados prêlu kacariyosakên, bilih ing jaman kinanipun ing Ruslan, botên beda kalihan tanahipun piyambak ngriki, manawi wontên pahargyan dhahar sêsarêngan, punika lênggahipun para tamu inggih miturut pangkat. Saya luhur pangkatipun, papanipun lênggah inggih saya inggil. Lan botên beda kadosdene wontên ing ngriki, sintên ingkang kapapanakên wontên ing nginggil, inggih lajêng karaos agêng manahipun. Kosokwangsulipun, tiyang ingkang apangkat, nanging lajêng kapapanakên lênggah wontên ing ngandhap, punika têmtu inggih lajêng rumaos dipun rèmèhakên utawi dipun sêpèlèkakên.

Jalaran saking punika kados botên anggumunakên, bilih Ilya ingkang rumaos dados têtungguling sadaya prajurit ing saindênging Ruslan, sarêng ing kala punika ujug-ujug kaparingan lênggah wontên ing ngandhap piyambak, lajêng botên narimah saha anglairakên têtêmbungan ingkang makatên wau. Botên ngêmungakên wicantên makatên kemawon, malah salajêngipun, Ilya anjorogakên sadaya prajurit ingkang sami lênggah ing sanginggilipun kursi palinggihanipun. Prabu Wladhimir nguningani tandang tandukipun Ilya ingkang makatên wau, sakalangkung dukanipun, jumênêng saking papan palênggahanipun saha lajêng dhawuh sora makatên.

He, wong murang sarak, kapriye têka sira kumawani anggêndhak sikara marang dhayoh-dhayoh ingsun. Apa jênêng sira ora kulak wêrta adol pangrungu, yèn dhayoh ingsun iki para têtungguling prajurit ing Ruslan kang wus kacêluk mungguhing kêkêndêlan lan kaprawirane, têka sira wani angarani: gagak, lan anak gagak. Salawase ingsun durung tau ambalèkake dhayoh, jêbul sira mêksa marang ingsun kudu tindak kang mangkono iku. He, para prajurit, apa sira kabèh ora padha rumasa digawe wirang dening prajurit kang nênêka iki. Ingsun ora amarêngake yèn sira arêp anêmpuh nyang wong iki ana ing sajêroning kadhaton kene. Nanging ingsun paring parentah marang sira, wong iki larakên mêtu, supaya aja nganti katon ana ing ngarsaningsun manèh. Badhe kasambêtan.

--- 201 ---

No. 51, taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI : BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

D.N. Sucipto, Malang. Ing sakawit aku iya pancèn saguh, macak karanganmu bab dhukun têlu, nanging barêng dakwaca manèh lan dakrêmbug karo kangmas redacteur, karanganmu iku kok ora ngêrtèkake, ya aja pisan dadi atimu.

Dukarsi, Rêmbang. Bab dongènge Dobrinya kuwi rak dudu bageane Bu Mar, dadi yèn arêp takon apa-apa, bêcike marang redactie.

Buntarta, Sêmarang. Pitakonmu bab sandi asma, murih kandêl lan gêdhe, yèn katulis nganggo tulisan tangan, ngisor aksarane kudu dicorèk.

Suyatmi, Lasêm. Bangêt bungahku lan panrimaku kokirimi tandha katrêsnan rupa gambarmu lan adhi-adhimu.

Sum, Kêbumèn. Karcis lêbaran wis daktampa, bangêt panrimaku.

Wiyasa, lan Rukmini. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Mula bênêr pangandikane ramamu, yèn Rama Petruk wis tau dêdalêm ing Salatiga.

Suprapti, Binangun. Bangêt panrimaku, dene kowe mêrlokake ngirimi layang sarta ngabarake bab kaslamêtanmu lan adhi-adhimu. Sukur bangêt, muga-muga mêngkonoa sabanjure, kowe ajêg pinaringana kuwat lan sabar.

Mulyani, Batam. Potrètmu wis daktampa kanthi bungah sarta karanganmu kanggo Jagading Wanita uga wis dakaturake marang rama Redacteur.

Amin p/a Yunus, Poncol 23, Sêmarang. Aja pisan dadi atimu, karanganmu ora bisa kapacak. Coba gawea manèh sing apik lan cêtha.

Seniek, Magêlang. Bangêt bungahku lan panrimaku kowe mêrlokake ngirimi layang pitêpungan nyang Bu Mar lan arêp milu urun ngisèni T.B.

Sucipta, Pzmalang. Bangêt panrimaku kowe ngirimi layang manèh nyang Bu Mar sarta pangabêktimu uga wis dakaturake nyang rama ibu Petruk. Pangabêktiku aturna nyang rama ibu. Kowe takon srudhut kuwi panganan apa, pancèn ana uga sing durung ngêrti, kuwi rak ondhe-ondhe tela kae.

S. Nar c/o M. Mangundiharjo, Kandhangmacanweg, Ngawi. Yèn kowe kêpengin mêling buku bab dhaharan tela pohung, iya bisa kirim layang nyang Mevrouw Dokter Sutejo. Struiswijkstraat 88. Meester Cornelis. Dene rêgane buku mau mung f 0,10. dadi kowe ya kari ngirimi rêgane buku lan uga karo waragade ngirimake, kowe rak mêsthi ngêrti pira waragade.

T. Mochamad, Dawami, Muntok, Banka. Kula tumut bela prihatos dhatêng ngajalipun ingkang putra ingkang umur 20 wulan. Mugi-mugi Gusti Allah maringana pangapuntên tuwin margi ingkang padhang.

Timan, Surabaya. Karanganmu bab têmbang-têmbang wis kêtampan, bangêt panrimaku, candhake dakarêp-arêp.

Siti Aminah, Ambarawa. Layangmu silahturachmi wis daktampa, ora liya padha nglanggêngake pangapura bae lan muga-muga kowe pinaringan slamêt sabanjure.

Imam Syuhadi Umar, Purbolinggo. Karanganmu wis daktampa, bangêt panrimaku.

Siti Fatimah, Ngayogyakarta. Andadèkake sênêngku kowe mêrlokake ngirimi layang pitêpungan nyang Bu Mar, lan nandhakake kasênênganmu maca T.B. Bu Mar tansah ngarêp-arêp layangmu manèh.

Surtiyah, Gunungwungkal, Tayu. Layangmu silaturachmi wis daktampa, bangêt panrimaku. Cuwa bangêt, dene kowe ora têka dhewe. Wah Sur, aku kok tansah lam-lamên kirimanmu durèn lan rambutan...!!! Aja pisan dadi atimu ya Ti, gambare ora bisa kapacak, rama redacteur ngêndika yèn kurang apik. Wis lumrahe Ti, wong lagi sinau. Yèn kowe maca karangan bab kutha Singapur, rak banjur ngêrti Uncle Sum kuwi lanang apa wedok.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 202 ---

TUKANG KUWIH ING DAMASKUS

(Candhake)

Lairku ana ing Mêsir, dene ramaku, dhèk biyèn jumênêng patih ing kono. Barêng bapak seda, aku lan kangmasku Samsudin, kang kiraku saiki uga isih urip, nggêntèni bapak dadi patih. Ananging ora suwe aku lan kangmasku padha pasulayan, aku nuli lunga tanpa pamit, nganti saiki iki, anduwèni pangkat lan anak kowe, aku wis rumasa bêgja bangêt. Mêngkono uga kowe dakwènèhi buku cathêtan, kang luwih cêtha, bab kaanan lan lêlakonku kabèh.

Sajrone calathu mangkono mau Nuridin karo anjupuk buku cathêtan kang ditulis dhewe sarta ora tau kèri, mêsthi digembeldigembol. ana kanthongan klambi. Buku mau diulungake marang anake lanang sarta calathu mangkene: "Anakku nggèr, yèn kowe pinuju kobêr, buku iki wacanên. Bokmanawa iki pêrlu bangêt tumrape awakmu, ing têmbe buri."

Barudin Hasan nampani pawèwèhe bapakne karo nangis sarta janji manawa arêp disimpên rêmit. Nalika iku Nuridin kalêngêr, nanging ora suwe banjur eling manèh nuli calathu: "O, anakku nggèr, Barudin, rungokna gunêmku, lan eling-elingên sing têmênan, supaya kowe lan wong-wong ing kene padha nêmu sênêng.

Aja sok grubyag-grubyug sênêng-sênêng karo kanca-kancamu. Yèn arêp gunêman, pikirên dhisik sing têmênan, aja sok clêbang-clêbung ngandhakake pêrkara sing ora dadi cocoging atimu.

Aja pisan-pisan minum; awit kadadeane mêsthi ora apik.

Aja sêngit marang sapadha-padha lan aja pisan-pisan mitênah marang sapadhamu.

Yèn ana wong miala marang kowe, tutupên mripatmu lan kupingmu, awit yèn kowe wêruh lan krungu, mêsthi thukul panêmumu arêp malês. Piwalês kang mêngkono iku pasraha marang Allah, awit panjênêngane wis mêsthi pirsa samubarang ala bêcik.

Aja ngudi marang kasugihan. Sing loma mènèhi pitulungan marang wong sing wajib kotulungi."

Sawise calathu mangkono Nuridin nuli mati. Wis mêsthi bae Barudin susah bangêt ditinggal mati bapakne.

Mèh kabèh wong ing Balsora padha milu ngiring pangubure jisime Nuridin sarta padha ngetokake kasusahane, sarta uga padha mêmuji, wêwatakane Nuridin kang bêcik iku bisaa nuruni marang anake lanang, supaya ing têmbe buri nêgarane bisa ajêg têntrêm kaya sing uwis.

Barudin Hasan barêng ditinggal mati ing bapakne, bangêt ing susahe nganti lali marang kuwajibane, yaiku sarampunging pangubure, Barudin Hasan ora ngadhêp sowan mring kêdhaton.

Kang mangkono iku banjur dianggêp nglirwakake marang dhawuhe sang ratu, andadèkake bangêt dukane panjênêngan sang ratu. Para kawula ana kang sêngit marang Nuridin, banjur padha gawe-gawe, ngaturake alaning kalakuane Nuridin, nalika isih urip lan uga madulake Barudin Hasan, kang satêmêne gèsèh karo sanyatane. Sang ratu pitados marang mêmadule para kawula kang sêngit marang Nuridin mau, banjur utusan nimbali kyai patih anyar kang durung suwe diangkat ing sangajale Nuridin. Kyai patih anyar kadhawuhan mênyang omahe Nuridin mbêskup barang darbèke lan marani Barudin, arêp dikunjara.

Kyai patih anyar, kang ora wani mênggak karsane sang ratu kang ora adil mau, enggal-enggal pangkat kadhèrèkake sakèhing kawula ing kêdhaton, mung ngèstokake dhawuh.

Ananging ana salah sawijining bature tukon Barudin, barêng krungu sêdyaning para kawula kêdhaton lan kyai patih mau, nuli enggal-enggaenggal-enggal. ndhisiki lakune, pêrlu ngabari bêndarane. Barudin lagi lungguh thênguk-thênguk ing pêndhapa, ketok lagi nandhang susah.

Batur tukon mau banjur niba ingarêpe Barudin karo calathu: "O, bêndara kula, enggal jêngkara saking ngriki, andhahara atur kula!"

Barudin pitakon: "Ana apa têka kowe ketok wêdi mangkono, ta?"

Batur tukon mangsuli: Sang ratu punika rêngu sangêt dhatêng panjênêngan, sapunika utusan para kawula ing kêdhaton, mbêskup sadaya barang kagungan panjênêngan sarta panjênêngan badhe dipun kunjara."

Barudin gumun bangêt krungu calathun bature kang sêtya mau, sarta gumun bangêt anggone ngangsêg supaya lunga saka panggonane awit para utusane sang ratu wis cêdhak.

Barudin nuli mêncolot saka palungguhane, lunga tanpa ana kang dijujug sarta tanpa anggawa dhuwit lan barang. Kang dipikir mung bisaa oncad saka kutha tanpa kawêruhan sapa-sapa. Kêlakon Barudin uga bisa mêtu saka kutha, banjur enggal-enggal anjujug marang kuburan.

Ing sarèhne wis wayah bêngi lan saka kagète jalaran saka mlaku adoh rêrikatan, awake prasasat wis ora duwe kêkuwatan manèh, mula banjur nêdya lèrèn turu ana ing pasareane bapakne.

Pasarean mau gêdhong apik bangêt, kabèh sarwa marmêr, miturut apa panjaluke Nuridin Ali, nalika isih urip; jaba jêro padha apike, lan sapa wonge kêna mlêbu ing kono. Ana candhake.

--- 203 ---

KAPINTÊRANE JAKSA.

Ana Sudagar duwe sutra pirang-pirang puk. Sudagar mau manggon ing Ngayogya. Sutra pirang-pirang puk mau arêp diêdol ing Sêmarang nunggang kreta, kusire kancane dhewe. Nalika lagi têkan ing Magêlang sudagar mau lara dadakan kang rada bangêt, dadi ora bisa nêrusake lakune. Sudagar mau mung mêling marang kancane (kusire): "Sutra iki gawanên mênyang Sêmarang, ana kana simpênên dhisik, manawa aku wis mari, aku daknusul. Kusir nyaguhi. Sutra mau nuli digawa mênyang Sêmarang. Kusir mau anggone ngêntèni wis lawas bangêt, nganti têlung sasi.

Sarèhne kêsuwèn anggone ngêntèni, sutra mau diêdol dhewe lan dikulakake manèh, mangkono sabanjure, suwe-suwe kusir mau bisa dadi sudagar dhewe.

Kacarita barêng wis lêt limang sasi. Sudagar kang duwe sutra mau lagi mari, têrus nusul mênyang Sêmarang. Satêkane ing kono anjujug ing omahe kusire, banjur anjaluk sutrane kang dititipake marang dhèwèke. Calathune: "Kusir, êndi sutrane, arêp dakêdol."

Sudagar (kusir) mangsuli: "Lo kowe sapa? Têka-têka njaluk sutra, apa aku koarani kusir, aku iki wiwit biyèn dadi sudagar kok!"

Ana ing kono dadi padu nganti rame, si kusir mungkir yèn dhèwèke dititipi sutra.

Kang duwe sutra banjur lapur mênyang nêgara, yèn dhèwèke diapusi kusire. Kusir nuli ditimbali, satêkane nuli didangu:

Jaksa: "Kowe biyèn apa dadi kusir?"

Kusir: "Dèrèng nate dados kusir wiwit rumiyin."

Jaksa: "Kowe apa wis têpung karo wong kuwi?"

Kusir: "Dèrèng."

Jaksa: "Ya wis saiki aku durung bisa ngrampungi, saiki padha mundura, sesuk balia mrene manèh.

Kusir lan sudagar mau padha bali, lagi têkan ingarêp lawang ditimbali manèh: "He kusir balia dhisik."

Wong kang maune dadi kusir lali saplêngan ditimbali muni kusir, banjur bali.

Ing kono jaksa ngêrti yèn wong iku maune dadi kusir. Mulane banjur dirampungi, si kusir diukum, lan dikon ambalèkake sutrane marang si sudagar.

CANGKRIMAN

I. Ora mêtu-mêtu, yèn durung nggawa mas lan salaka.

II. Ora mêtu-mêtu yèn sêdulur 4 durung tumpês dadi siji.

III. Kutha êndi kang ana saantarane têmbung-têmbung iki. "Ki Sêmar anggawa arit." "Disabêta wingi rak uwis!"

IV. Ana manuk jênênge ana 8 aksara. Yèn rong aksara kang buri dhewe kokbuwang, panganggone kewan mau. Dene yèn aksara kang ngarêp lan buri dhewe kokbuwang atêgês aku. Kewan apa iku?

Sum, Kêbumèn.

BOCAH SASÊDULUR.

[Grafik]

Gambar ing dhuwur iki para kêponakane Bu Mar, yaiku Suyatmi ing Lasêm sasêdulur. Ing sarèhne nalika dina lêbaran ora padha bisa têka ing Bêtawi, mula banjur ngirimi potrèt minangka sêsulih têkane lan uga kanggo tandha katrêsnan.

Dêlêngên ta cah, sêdulur kok mrêsêl ngono.

RÊRÊPÈN

I. Pra sadulur yèn sirarsa ngudi / uriping pikir têntrêm nalanya / kulinakna angrêronce / ukara nganggo lagu / kang prasaja nanging kang isi / kêkarêpan utama / karsa kang kadyèku / dudu sêdya angêthoprak / lugu iku sinau nglandhêpkên pikir / têmbe akèh gunanya //

II. Kang mangkono aja ge nuruti / manawa tan rujuk kaanannya / mung agawe pitunane / sinaon sapiturut / iku dudu karêpku yêkti / tinimbang têtêmbangan / nuju kang tan patut / bêcik angripta ukara / ingsun yakin yèn têmbe candhakan pikir / tur kulina ayêman //

D. Karsi.

--- 204 ---

KUTHA SINGAPUR

(Candhake)

Ing ngisor wis ora ana kamar kang suwung manèh, dadi aku diwènèhi kamar ana ing lotèng nomêr êmbuh aku wis lali. Barêng aku nyangking tas arêp munggah "upstairs," diêndhêg dening nyonyah mau. "Bukak kasut dulu lah!" -Aku lingak-linguk, awit sêpatuku mung siji thil, la mêngko yèn ilang gèk kêpriye, mangka ana ing paran, nèk ana ing kuthane dhewe ngono gampang, bisa golèk... silihan! -Nanging barêng aku wêruh sêpatu pirang-pirang pasang ana ngisor meja, aku banjur manut, nyopot "Bata"-ku, takjèjèrake liya-liyane.

Aku iki ana ing ngêndi-êndi doyanku mangan kêsuwur, apa manèh ana ing kapal tansah ngêtokake bae, arang-arang klêbon, dadi ngêlihku kaya wong bar patigêni 40 dina kae, wêtêngku wis ora kêna disêmayani manèh.

Bubar raup, salin dandhangan barang, aku banjur nginthik golèk warung. Tujune ana ing sacêdhake hotèl kono ana "restaurant", banjur taklêboni sanalika, ora nganggo ndêlok-ndêlok dhisik. Kocapa, barêng wis mangan, aku wêruh kaanan ing kono mèh bae mabuk laut manèh, la wong panggonane rêgêd, tur sing olah-olah lan tukange ladèn mung ngliga bae. Satleraman pancèn kaya wong ngliga, ning barêng tak waspadakake jêbul padha nganggo singlêt (kaos) wujude padha karo awake:... irêng klimis. Ajaa ngêlèh bangêt, aku mêsthi ora bisa ngêntèkake sêga sapiring, nanging sarèhning wis kêbanjur mlêbu tur wis takulu pirang-pirang pulukan, dadi ya tak pêksa nêrusake, reka-reka ora wêruh wong sing padha ngliga mau. Ya iki yake sing diarani: "struisvogel politiek."

Sarene wayah jam papat aku wis adus, dandan, mruput arêp ndêlok kutha. Jarene Singapur kuwi akèh bajingane sing gawene ngapusi wong anyar, ananging aku ora wêdi. Dilalah, blusak-blusuk ana ing ngêndi bae aku ora ana sing ngaru-biru. Sakawit jênênge dalan-dalan sing takliwati, takapalake kabèh, nanging suwe-suwe saking akèhe aku kuwalahên, têrus ora takpêrduli manèh. Mêngko mulihe gampang. Wong duwe cangkêm, tur sêkolahku wis taun-taunan, apa iya ora bisa takon-takon.

Wiwit cilik mula pangiraku Singapur kuwi kutha Inggris, nanging anggonku ana ing dharat lagi 1/2 jam bae pangrasaku wis malih.

Ing dalan-dalan sing takliwati prasasat mung bangsa Tionghoa. Mung kadhingkala aku wêruh wong Inggris, Hindu utawa wong Mlayu.

Ing dalan cilik-cilik kêrêp kêbak abang-abang, ijo-ijo, irêng-irêng lan putih-putih.

Wiwitane takarani gêndera pating klebat ing cagak kêna angin. Gagasanku: "Mêsthine dina iki dina gêdhe bangêt, ing êndi-êndi kok kêbak gêndera. Yake iki wiyosane Chang Kai Sek. Nanging kocapa, sawise cêdhak, barêng takdêlêng têmênan, sing pating klebat mau jêbul dudu gêndera, nyatane... klambi, kathok lan... popok, padha dipe. We la, kok ana-ana bae kutha Singapur ki!

Anggonku mlaku ora ana sing takjujug, mung manut sikilku bae, nyambi nolèh ngiwa nêngên nggolèki warung, sabab wêtêngku wis kothong manèh, luwih kothong tinimbang dhompèt yèn wis tanggal 31 kae! Saiki sing tak dêlok wonge ing jêro dhisik, anggêre singlète karo awake padha irênge, aku ora sida mlêbu. Sanajan luwea takbêtah-bêtahake. Barêng wis mèh sêmaput, aku lagi gêlêm mlêbu ing restaurant Tionghoa, ing jêndhela kaca ana tulisane "Cold drinks" (ombèn-ombèn adhêm). Ing jêro kono ngêsir apa wae ana, kajaba - ijs kopyor. Ana candhake.

BAB TÊMBANG

Têmbang-têmbang kaya ta: Kinanthi, Mijil, Sinon,Sinom. Pucung, Dhandhanggula, Pangkur lan liya-liyane iku aran têmbang Macapat. Dene têmbang-têmbang mau kabèh mêsthi nganggo guru lagu lan guru wilangan dhewe-dhewe (beda-beda).

Yèn kowe arêp gawe lagu (têmbang) Kinanthi, guru lagu yaiku pêdhotane sabên sapada komma, mêngkene: 1e u, 2e i, 3e a, 4e i, 5e a, 6e i. Dadi kabèh ana 6 tandha komma.

Sing dakarani: u, i, a lan liya-liyane iku iya kêna sigêg barang aja kliru tampa upama: man, mun, min, mar, tip lan liya-liyane.

Dene guru wilangane (etungane) wanda (kêcap) 8-8, yaiku:

1e u = 8, 2e i = 8, 3e a = 8, 4e i = 8, 5e a = 8, 6e i = 8

Dadi kabèh ana 8 kêcap x 6 (ora kêna yèn gawe têmbang Kinanthi No. 1 tiba i, a, e lan liya-liyane.

Kênane ya kêna, olèhe mlayu nyang êndi? Nanging yèn wong kang wis kulina nêmbang, yèn guru lagune ora olèh, sanajan anggone nêmbang suwarane apik, krungune mênyang kuping mêsthi nggrênjêl (krasa ora kêpenak).

PUCUNG.

Guru lagu lan guru wilangane:

1e u= 12 (kêna dadi 2 komma 4-8), 2e a = 6, 3e i = 8, 4e a = 12.

Cacah, Timan.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1653] ---

Ôngka 104, Rê Pn, 26 Sawal Ehe 1868, 29 Dhesèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pucaking Rêdi - Gênging Atur Panuwunipun Tiyang Sadonya Dhatêng Tuwan Dr. Pasteur - Tiyang Wuta - Ngambali Sayêmbara - Kawontênan ing Tiongkok - Pilêm Têrang Bulan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Pucaking Rêdi

[Grafik]

Sêsawangan pucaking rêdi Sêmèru, Brama lan Bathok, dipun tingali saking pucak rêdi Pênanjan.

--- 1654 ---

Bab Kasarasan

Gênging atur panuwunipun têtiyang sadonya dhatêng Tuwan Dr. Pasteur.

Manawi dipun yêktosi kalihan saèstu kawontênan utawi lampah-lampahing ngalam donya punika, ing bab sêsakit punapa kemawon ingkang thukulipun suwau sampun dipun tanggulangi dening dhoktêr, tansah kathah, jalaran namung ningali lampah lan wujudipun sêsakit kemawon. Ingkang makatên punika têtiyang utawi dhoktêr kados sampun sami kraos yèn ing têmbe tamtu badhe konangan utawi pinanggih sabab-sababipun thukuling sêsakit wau, kados ta: sêsakit infectie, baksil lumêbêtipun ing badan tiyang jalaran kulitipun tatu, lajêng dados margi lumêbêtipun wisa sêsakit wau. Kados ta: infectie ing pranakan (baarmoeder) ingkang tatu jalaran mêntas nglairakên bayi (kraam vrouwen-koorts), sasaminipun.

Dr. Semmelweis ingkang ngêmungakên angyêktosi èstri ingkang mêntas nglairakên bayi ingkang asring sangêt kataman sêsakit bêntèr ingkang ambêbayani wau, tuwuhipun sêsakit bêntèr punika saking rêgêding tatu, botên utawi dèrèng andungkap bilih sababipun punika jalaran saking kewan lêmbat-lêmbat (baksil) ingkang lumêbêt ing tatu. Mila ing jaman samantên (ing Eropah) èstri ingkang wawrat, yèn badhe nglairakên bayi dipun jagi sarana kapurih manggèn ing sênthong ingkang rêsik.

Dhoktêr utawi Vroedvrouw ingkang badhe mitulungi lairipun bayi, kêdah rêrêsik tangan, pangangge tuwin sanès-sanèsipun. Mênggah wontênipun tiyang èstri ingkang nglairakên bayi mawi dipun jagi makatên wau, pancèn inggih kathah ingkang sami wilujêng, nanging inggih kathah ugi ingkang lajêng sakit bêntèr ngantos lami sangêt, malah asring ngantos dados tiwasipun.

Ing jaman samantên Dr. Lister (Inggris) ugi sampun angyêktosi, samôngsa wontên tiyang ingkang putung balungipun ing suku utawi lêngên, mawi tatu ingkang balungipun sok katingal mêdal anjêpat (gecompliceerde breuk) tiyang ingkang kataman lajêng sakit bêntèr sangêt, sagêd ugi dados tiwasipun. Kosokwangsulipun tiyang ingkang putung balungipun, nanging botên mawi tatu (ongecompliceerde breuk) mèh sadaya sami sagêd saras tanpa sakit bêntèr utawi sanès-sanèsipun.

Ingkang makatên punika saking pamanggihipun Dr. Lister tatu wau têmtu kalêbêtan rêrêgêd saking jawi ingkang anjalari thukulipun sakit bêntèr wau. Mila Dr. Lister ing wêkdal samantên sampun damêl pranatan, sadaya tatu sadèrèngipun dipun blêbêt (verband) kêdah dipun rêsiki ingkang rêsik saèstu, prabot potong (instrument) kêdah dipun rêsiki lan dipun kum ing toya karbol, verband ingkang kangge blêbêt tatu kêdah dipun têlêsi mawi toya karbol.

Mênggah angsal-angsalanipun pranatan ingkang makatên wau, sanajan anggènipun anjampèni tiyang ingkang tatu upami dipun potong (operatie) tiyang [ti...]

--- 1655 ---

[...yang] ingkang sakit bêntèr taksih kathah ingkang sami tiwas.

Sajatosipun dhoktêr anjampèni tiyang ingkang putung balungipun mawi tatu utawi tiyang kêtaton lêbêt ing dhadha utawi ing wêtêng, punika ingkang kathah jalaran saking katabrak sêpur tram, mobil, utawi kêdhawahan barang ingkang awrat lan atos. Tatu ingkang lêbêt jalaran kasuduk, kêtumbak, kêbacok, kêslumbat utawi sanès-sanèsipun, ingkang peranganipun asring risak sangêt, tatunipun kêdah dipun dandosi dipun rêsiki, kulit dagingipun ingkang risak suwèk pating saluwir dipun guntingi utawi dipun irisi supados radin, awit manawi kulit dagingipun ingkang risak wau botên dipun icali, sagêd dados bosok, tumraping tatu ambêbayani.

Balung ingkang putung yèn wontên ingkang rêmuk utawi pating jrêpat dados lancip utawi landhêp kados siladan, punika kêdah dipun icali dipun pêndhêti sarana dipun japiti mawi tang. Manawi tatunipun kirang wiyar, kasuwèk sakêdhik kangge ningali lan ngrêsiki ing lêbêtipun tatu, utawi kangge anjapit pipa êrah ingkang pêdhot utawi kiris tansah mêdal êrahipun. Mila tatunipun kêdah dipun damêl wiyar (operatie). Upami perangan ingkang tatu wau risak sangêt, botên kenging dipun dandosi, dhoktêr kapêksa ngêthok (amputatie) ing perangan suku, lêngên utawi driji ingkang risak wau.

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- [1656] ---

Tiyang Wuta

Tiyang tinitah wuta punika gêsangipun sakalangkung sangsara, ngantos kaparibasakakên pangawak bathang ucap-ucap, kajêngipun sampun pêjah nanging taksih sagêd wicantên, damêlipun sampun botên wontên, dene nêdhanipun botên beda kalihan tiyang saras.

Ing kala rumiyin, tiyang ingkang tinitah wuta, gêsangipun namung dados kalangênaning para agêng, tumrap Surakarta sami ngawula dhatêng karaton, wontên ingkang namung dados kalangênan lugu, wontên ingkang dipun wulang nênabuh tuwin ulah swara.

[Grafik]

Lare-lare wuta ingkang nuju dipun sinaoni ulahraga.

Tumrap kala jaman suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV kathah têtiyang wuta (limrahipun dipun wastani mêtêngan) ingkang kaabdèkakên sami dipun wulang têtêmbangan, ingkang diwasanipun têtiyang wau sagêd angsal panggêsangan saking anggènipun têtêmbangan.

Kados sampun kêlimrah tiyang wuta punika gadhah kalantipan, manawi ngapal-apalakên sakêdhap kemawon sampun cumanthèl. Malah wontên sawênèhipun tiyang wuta, ingkang apal Sêrat Rama. Ingkang langkung anggawokakên, punika tumrap tiyang wuta ingkang nyinau gêndhing, sabên sinau, sagrabyagan kemawon sampun sagêd.

Pinanggihipun wontên ing padhusunan, tiyang wuta punika adhakan ingkang gêsang tanganipun lajêng dados dhukun pijêt, nanging limrahipun tiyang wuta punika lajêng pêpariman.

Manawi ngèngêti gêsanging tiyang wuta, punika sakalangkung mêmêlas, kenging dipun upamèkakên anggèning wontên ing dunya botên kinanggèkakên ing damêl. Môngka manawi ngèngêti wontênipun tiyang wuta, pinanggihipun kathah sangêt, wontên ingkang wuta wiwit alit, wontên ingkang wuta sasampunipun agêng, jalaran saking kènging sêsakit.

Mênggahing paniti, wuta punika satunggiling sêsakit, dados saupami têtiyang sami migatosakên [migato...]

--- [1657] ---

[...sakên] dhatêng wontênipun sêsakit mripat, upaminipun manawi sakit mripat lajêng purun ajêjampi, tuwin anggènipun jêjampi wau dhatêng dhoktêr, tamtu badhe adamêl kirangipun tiyang wuta.

Môngka tumraping jêjampi dhatêng dhoktêr, kajawi dhatêng dhoktêr ingkang limrah, taksih wontên malih dhoktêr ingkang ahli babagan mripat. Dhoktêr ingkang ahli wau agêng sangêt pitulunganipun tumrap tiyang sakit mripat.

Tumrap parentah, malah ugi sumrambah ing sajagad, ngudi sangêt dhatêng pitulungan wau, ing pundi-pundi dipun êdêgi griya sakit kangge anjampèni tiyang sakit mripat, ingkang dipun adani dening pakêmpalan. Rekadayanipun botên sanês, namung nyêgah sagêda tiyang ingkang sakit mripat sampun ngantos kalajêng wuta.

Ingkang pinanggih ing tanah ngriki wontên pakêmpalan nama Vereeniging tot verbetering van het lot der Blinden in Ned. Indie. Pakêmpalan wau ngawontênakên panggenan dalah griyanipun sakit wontên ing Bandhung. Adêging griya wau sampun mèh 40 taun.

Griya sakit wau (Blindeninstituut) dipun dêgakên dening tiyang kathah ingkang jumênêng pangayoman Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Ingkang katampèn jêjampi mriku punika botên pilih bôngsa, tur botên mawi dipun pêksa, nanging tiyang ingkang mlêbêt mriku punika kêdah ingkang saras badanipun tuwin saras pikiranipun.

Ing salêbêting griya sakit wau wontên papanipun nyambut damêl tuwin pamulanganipun. Dados tumrap têtiyang ingkang malêbet mriku punika badhe sumêrêp caraning nyambut damêl tuwin sinau, botên badhe nandhang susah jalaran saking anggèning ngrumaosi ina.

[Grafik]

--- 1658 ---

Ngambali Sayêmbara

Up bêstir Java-Instituut, martosakên bilih Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta, paring panguwaos dhatêng Java-Instituut ngawontênakên sayêmbara enggal malih, tumrap mêrtal ing Basa Walandi: Serat Wedhatama.

Sintên ingkang badhe nglêbêti sayêmbara sagêd nêdha buku wau dhatêng: sèkrêtaris Java-instituut ing alun-alun êlèr, Ngayogyakarta.

Jurinipun sampun dipun wontênakên malih, inggih punika:

Prof. Dr. G.W.J. Drewes mahaguru pamulangan luhur pangadilan, Batawi Sèntrêm, Kêbon Sirih 40, pangarsa.

Radèn Mas Adipati Arya Kusuma Utaya, warga Rad Kawula, tuwin Radèn Ngabèi Dr. Purbacaraka, Conservator der Handschriften van het Kon. Bataviaasch Genootschap.

Pamrêtalipun wau gancaran utawi mawi lêlagon, kasumanggakakên dhatêng ingkang mrêtal.

Gancaran nomêr 1 f 250.-, nomêr 2 f 100.-.

Juri wau wênang botên nyukakaken ganjaran salah satunggal utawi kalih pisan.

Prêtalan wau ing sadèrèngipun 1 Agustus 1938 sasampuna wontên ing astaning pangarsa juri. Prêtalan wau kasêrata ing dalancang sarai namung sasisih, sêratanipun kêdah ingkang cêtha, langkung prayogi manawi mawi mêsin. Pangintunipun kedah mawi Motto utawi nama sêsinglon, tuwin dipun kanthènana amplop dipun pati, ingkang wontên cirinipun Motto tuwin sêsinglon punapadene asmanipun ingkang ngintuni prêtalan wau. Pambikakipun amplop wau manawi badhe andhawahakên ganjaran.

Sadaya kintunan wau têtêp dados gadhahanipun Java-Instituut.

Java-Instituut gadhah wêwênang macak wontên ing kalawarti Jawa kanthi prajanjian kados ingkang sampun katindakakên.

--- 1659 ---

Kawontênan Ing Tiongkok

Dangu-dangu kawontênanipun paprangan ing Tiongkok saya anggayuk dhatêng pundi-pundi, kados ta Amerikah, Inggris tuwin sanès-sanèsipun. Dene anggènipun kêsampe lajêng tumut ngêmori damêl, wosipun botên sanès, saking nagari-nagari wau inggih gêgayutan kalihan Tiongkok, sanadyan badhea namung kèndêl inggih botên sagêd, tuwin malih ugi tansah wontên sabab saking Jêpan ingkang andadosakên maringi nagari-nagari sanès, inggih punika angrêrisak ingkang sanès lêrêsipun.

[Grafik]

Tumrap Inggris sampun adrêng anggèning badhe ambidhalakên kapal perang dhatêng papan ingkang kasamarakên, nanging pinanggihing rêmbag, namung badhe ngawasakên rumiyin dhatêng kawontênan, namung samôngsa-môngsa wontên kawigatosan ingkang sayêktos, lajêng kabidhalakên. Nanging tumraping para ministêr tansah ngawontênakên kaprayitnan, sawanci-wanci wontên prêlu lajêng sagêd parêpatan sanalika. Ing bab kawontênan punika wontên ingkang gadhah panganggêp, manawi lajêng ngintunakên wadya bêbantu dhatêng Tiongkok, punika pinanggih langkung prayogi, amargi lajêng sagêd nyêgah dhatêng tindak-tindak ingkang botên lêrês. Nanging wontên ingkang gadhah pamanggih, saupami ambidhalakên kapal-kapal pêrang ing sapunika botên patos prêlu, amargi saupapamisaupami. [saupa...]

--- [1660] ---

[...pami] kapal pêrang Inggris kapindhah saking lautan Eropah dhatêng sanès panggenan punika dados kawigatosan sayêktos.

Makatên ugi Inggris taksih ngajêng-ngajêng wangsulanipunJêpan ingkang gumathok, ingkang sagêd damêl marêm, ing bab anggèning Jêpan gadhah tindak botên lerês dhatêng Inggris. Manawi dipun wangsuli kanthi pangarêm-arêm kemawon, badhe botên dipun anggêp. Dêrênging pangajêng-ajêngipun Inggris ingkang samantên wau, ugi araos kasabaran.

[Grafik]

Sawangan krêtêg lèpèn sudhetan ingkang anggandhèng lampahing lèpèn Yangce kalihan Pèiho.

Kajawi punika Inggris ugi mawas dhatêng tandangipun Amerikah, ingkang katingalipun ing sapunika ugi sêrêng dhatêng Jêpan. Nanging pamawasipun Inggris ingkang makatên wau botên anjagèkakên saiyêgipun Amerikah, manawi wontên damêl-paridamêl inggih lajêng badhe tumandang piyambak.

Makatên ugi tumrapipun Prancis, ugi tansah jagi-jagi, samôngsa-môngsa Inggris ambidhalakên kapal pêrang dhatêng Asiah, badhe ambiyantu ambidhalakên kapalipun pêrang dhatêng Lautan Têngah, mênggah kajêngipun ategês anglintoni pabarisan kapal pêerang Inggris ing Lautan Têngah ingkang kawangsulakên dhatêng Eropah. Tuwuhing pamanggihipun Prancis ingkang makatên wau, botên sanès saking

--- [1661] ---

angèngêti bilih Inggris punika dados kônca pasupêkêtan lami. Kalihan malih manawi angèngêti dhatêng kabêtahanipun Prancis piyambak, ugi kêdah migatosakên dhatêng salampah jantranipun Inggris.

[Grafik]

Tumrap Amerikah gêgayutanipun kalihan paprangan ing Tiongkok inggih tansah wontên-wontên kemawon, malah wontên pangintên bilih panêmpuhipun Jêpan dhatêng kapal Panay, punika botên sanês namung kangge nyobi, punapa Amerikah purun pêrang yêktos. Saupami kalampahan, Amerikah tuwin Inggris botên ngintunakên wadya lautan dhatêng lautan Asiah, Jêpan badhe rumaos agêng ing manah, tamtu badhe tumindak sêrêng nêmpuhakên wadya lautan.

Ing bab panêmpuhipun Jêpan dhatêng kapal Panay, punika tumrap Amerikah salugunipun inggih gadhah panganggêp dados satunggiling bêbaya paprangan, mila kêdah jagi-jagi tumuntên. Ingkang makatên punika sampun botên kenging dipun paibên, awit dangu-dangu Amerikah inggih saya kraos, saha lajêng wontên titikipun badhe tumindak nyantosani wadya lautan.

Nanging Jêpan katingalipun botên mêndha anggèning gadhah tindak kumapurun dhatêng Amerikah, tandhanipun mêntas wontên lêlampahan malih ingkang pinanggih ing Wuhu. Ing ngriku wontên saradhadhu-saradhadhu Jêpan ngandhapakên bandera Amerikah ingkang dipun pasang wontên baita motor gadhahanipun satunggiling griya sakit Amerikah ing Wuhu, salajêngipun bandera wau dipun bucal dhatêng lèpèn Yangce.

--- 1662 ---

Kawontênan Sarta Kamajênganing Nagari Sarta Karaton Dalêm Nyayogyakarta Adiningrat

Wiwit sajumênêng Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang jumênêng kaping VIII, kawontênaning nagari dalah karaton dalêm Ngayogyakarta kathah sangêt indhaking kamajêngan sarta ewah-ewahanipun. Pitêpangan dalêm kenging dipun wastani rakêt lan sumrambah sangêt dhatêng sintêna kemawon. Ingkang makatên wau sagêd kapiritakên, ing kraton kêrêp wontên tamu sarta kêrêp nampi pisowanipun gêgrombolaning priyantun Jawi saking sajawining nagari dalêm Ngayogyakarta. Sampeyan dalêm tansah manggalih lan midhangêtakên kabêtahaning nagari dalêm saisinipun sadaya. Ing ngriki kula botên niyat badhe damêl gancaran kawontênaning nagari sarta karaton dalêm ing Ngayogyakarta ingkang langkung tlêsih, nanging namung mêndhêt saking pamanggih kula ingkang wontên prêlunipun ingkang sagêd gandhèng kalihan sintêna kemawon ingkang ambêtahakên kawontênaning karaton dalêm Ngayogyakarta Adiningrat.

Wondene bab-bab ingkang badhe kula aturakên wau botên sanès inggih tatacara, caranipun para putra santana, abdidalêm sarta kawula dalêm ing Ngayogyakarta, yèn nuju sami wontên salêbêting karaton, inggih punika bab anggèn-anggèn, têtêngêr, urut-urutaning palênggahan, sêsêbutan lan sapanunggilanipun.

Sarèhning kula sampun dangu gêgriya wontên sajawining nagari dalêm Ngayogyakarta, dados tumraping andharan ingkang badhe kula andharakên wau têmtunipun kirang tlêsih, mila sadèrèngipun kula nyuwun para maos mugi sampun gêla lan mugi karsaa paring pangaksama dhatêng kula. Jêr sêdya kula wau sadaya namung badhe angluhurakên karaton dalêm Ngayogyakarta Adiningrat.

Bab anggèn-anggènipun para putra santananing panjênêngan dalêm nata sarta para abdi dalêm ing Ngayogyakarta.

Bab I, perangan 1. Namaning anggèn-anggèn kados ta: 1 kuluk, 2 dodot sarta bêbêd kaprajuritan, 3. bêbêd, 4. Clana sarta plisiripun, 5. Payung.

Bab II, perangan 2 bab wujuding pangangge.

Wujudipun kuluk kados ing ngandhap punika:

1. Kuluk biru.

2. Kuluk kanigara.

3. Kuluk bêrci cêmêng.

4. Kuluk bêrci pêthak.

5. Kuluk Sup.

6. Kuluk kêsting cêmêng sarta pênjatos.

Badhe kasambêtan.

Radèn Mas Dirjasubrata. Kêtandhan - Klathèn.

Pawartos saking Redhaksi

K. 4377 ing Gurah. Tumrap lotre prayogi dipun purugi piyambak, samantên wau manawi angsal-angsalanipun agêng. Tumrap sanès-sanèsipun badhe dipun kintunakên.

Tuwan M. Mh. ing Lawiyan. Pakabaran radhio, punika tumraping kalawarti kêdangon wêdalipun.

K. 4528 ing Surakarta. Kintunan gambar botên kapacak, sampun kasèp.

--- 1663 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pilêm Têrang Bulan

III.

Petruk : Rungokna, Kang Garèng, tak banjurne dongenganaku. Sajêrone têmoning pangantèn, yaiku dhaupe Musa karo Rohaya, kuwi nganggo dianani tanggapan Kang Garèng, tanggapane mau, nèk aku anggone ngarani: tlèdhèk.

Garèng : Wèh iya rada kumplit kuwi arane, sanadyan papane sing kanggo duwe gawe kuwi, kayadene omongmu, êmbuh ana ing alas, êmbuh ana ing ara-ara, kang pinadhangan ing obor pirang-pirang atus. Mungguh panganggone tlèdhèk mau, apa iya nganggo tapih bathik, sing saka sadhuwure dhadha tumêkane ing sadhuwure dhêngkul. Kajaba iku, Truk, jogède tlèdhèk kuwi kêpriye, apa cara tlèdhèk Sala, apa tlèdhèk Bandhung, apa cara ... Cakalele.

[Grafik]

Petruk : Hla, iki rada nyêngkal bangêt, kang Garèng. Sabab, nèk nitik kaanane ing kono, panganggone wong-wong lanang, iya pangantène, iya pangiringe sing puluhan cacahe, kuwi kabèh mung nganggo cawêt thok, sanadyan cawête mau bangsaning bathikan. Dadi nèk andêlêng kaanane ing kono, sing katon iya kumpulane wong alasan balêjêt. Dadi tlèdhèke pantês-pantêse iya mung nganggo cawêt, lan jogède pantês-pantêse iya mumbul-mumbul, mêncolot-mêncolot, mubêng-mubêng, kaya jathilan sing kasurupan kae. Nanging ora mangkono mungguh kaanane tlèdhèk sing dipitongtonake panggonan manton ing pilêm Têrang Bulan mau. Panganggone sarwa putih, èmpêre kayadene... rok dawa sing kangsrah lêmah kae, dene jogède: pating pleyot, nganggo ngulat-ngulèt barang kae. Nèk ora kaliru jogèd sing kaya ngono kuwi, jarene dhangsih cara Sêpanyol.

Garèng : Wèh, hla saya mrinding githokku, Truk. Karameane dianakake ana ing sajabaning omah, sarana dipadhangi obor pirang-pirang [pirang-...]

--- 1664 ---

[...pirang] atus. Sing padha anjênêngi pahargyan mau, tumêkane pangantène pisan, kêna diunèkake wuda, mung nganggo cawêt thok, nanging cawête mau bathikan. Tanggapane pancène mono ora kêna diarani tlèdhèk, nanging sing dijênêngi: dhansêrès, tukang dhangsih-dhangsih, tur dhangsêrès saka Sêpanyol. Banjur, Truk, tabuhane kango dhangsêrès mau, apa jèsbèn, apa piano karo piyul.

Petruk : Wayah, ambok aja dibanjur-banjurake mangkono, luwih bêcik saiki takterusne dongenganaku. Sajêrone ditêmokake linggih jajar mau, ujug-ujug pangantèn wadon iya Rohaya, plêncing, ngithar lumayu, ninggal ing papan kono. Anèhe, kang Garèng, wong pirang-pirang puluh, sapangantène lanang pisan, têka ora ana sing ngalang-alangi, malah padha pating pêndongong, pating plompong....

Garèng : Lho, kowe aja kaliru, Truk, wong-wog mau padha nyêmbah brahala. Bokmanawa kala samono wong-wong padha pracaya, yèn pangantèn wadon ujug-ujug katitisan ing dewane, mulane wong-wong ora padha wani angaru-biru.

Petruk : Bisa uga mangkono, Kang Garèng. Banjure dongèng Têrang Bulan saikine takcêkak bae. Yaiku mangkene:

Sarana prau jungkung, Kasim karo Rohaya banjur padha minggat saka pulo Sawobah kono, nganti tumêkane ing Malakah. Ana ing kene padha ganti panganggo, kang Garèng, Kasim nganggo pantalon, malah sêpaton barang, Rohaya manganggo cara wong wadon bôngsa Padhang, iya nganggo sêlop. Gumunku, lakune utawa tandang-tanduke kok iya banjur wis kêpenak bae, ingatase kulinane mung nganggo cawêt, utawa sarung saka sadhuwure dhadha têkan ing sadhuwure dhêngkul.

Garèng : Wèh, sêmune wong-wong ing Sawobah kuwi luwih maju tinimbang wong lumrah ing Batawi kene: sabab wong Batawi kene yèn kabênêr bakda Riadi, akèh sing sikile mlicèt, jalaran padha nganggo... sêpatu lan sêlop, balik Si Kasim karo Si Rohaya, sing sabên dinane kiraku gapyak bae ora tau têpungan, jêbul didadak nganggo sêpatu lan sêlop kathik kêpenak bae.

Petruk : Wayah, kang Garèng, anggone metani kuwi ambok aja kêjlimêtên. Saiki tak banjurne manèh dongènge. Nganti pirang-pirang dina, Kasim ora bisa olèh pagawean. Suwe-suwe banjur kêtêmu karo mitrane sing ninggal pulo Sawobah luwih dhisik, yaiku Dullah, saka bungahe kêtêmu karo mitrane lawas, Dullah iki sorene karo bojone ngajak Kasim karo Rohaya sênêng-sênêng ana ing Parêk. Ing kono kawêruhan dening mungsuhe lawas, yaiku: Musa, kang ana ing kono kacêluk jêneng: Sèh Bak Abul, sawijining wong Arab kang sugih, sarta jalaran panggawene kang ala dadi golekane pulisi.

Garèng : Wèh, saya ruwêt manèh nyang pikiran, Truk, ing ngarêp jarene pulo Sawobah kuwi puloan dhewe, ora tau candhuk lawung karo nagara liya, jêbul ana wonge sing ana ing tanah sabrang bisa mendha-mendha dadi wong Arab. Iki padhane [pa...]

--- 1665 ---

[...dhane] kowe carita mangkene: desa Klêgèn kuwi dununge mèh ana sangisore gunung Sumbing, adoh bangêt saka ing kutha, cêkake desa kluthuk bangêt. Ing kono ana wonge tani aran: Sutamênggala, iki pancèn wong asli kono têmênan. Kocapa barêng kowe ana ing Batawi, plêsir-plêsir nyang kêbon binatang (dierentuin) jêbul kêtêmu karo si Sutamênggala mau, kang ana ing kono kacêluk jênêng: Mênir Jakob pan Dhê Sêpud Lônda, Truk. Apa iya mathuk dongengan sing kaya ngono kuwi, wong ngemba Walônda kuwi, sanadyan sa ik, rong ik, rak iya kudu bisa cara Lônda. Gèk si Suta mau ana ing desa Klêgèn sinaune cara Lônda nyang sapa. Mêngkono uga si Musa, wong iya omahe ana ing pulo, kang ora tau diambah wong mônca, kathik nyêmbah brahala, hla kok bisa ngemba wong Arab tulèn. Wis, Truk, ora prêlu kok banjurake anggonmu andongèng pilêm Têrang Bulan kuwi mau. Wong saya suwe têka saya anggêdabrul.

Petruk : Mêngko sik, kang Garèng, dikumplitake dhisik, ing kono dipitongtonake omah-omahe wong ing pulo Sawobah mau kobong nganti ludhis. Wong-wonge sarana dikêpalani dening Musa, padha prêcaya yèn anane kobongan mau ora liya mêsthi jalaran saka dewa sêsêmbahane duka, mulane amrih lêrême dukane dewa mau, kudu ditêbus sarana jiwaning manungsa. Têgêse: salah siji uwong kudu dikurbanake, dicêmplungake ing sagara urip-uripan.

Garèng : Bagus, cêkak aos, maskape sing gawe pilêm Têrang Bulan mau, anggambarake kaanane ing salah sawijining pulo ing tanahe dhewe kene kiyi mangkene:

Wong-wonge isih alasan, nanging ana mambu-mambune nyang kamajuan sathithik, diunèkake alasan, sabab panganggone mèh wuda blêjêd, ngêmungake nganggo cawêt, rada mambu nyang kamajuan, sabab cawête mau bathik. Agamane nyêmbah brahala, mulane sok ngurbanake manusa barang. Tatacarane iya wis wong alasan tulèn, ewadene wis bisa ngrêgani nyang kagunan sing Ngeropis, buktine anane: dhansêrès Sêpanyol, utawa têtabuhan: kitar. Sanadyan wong ing pulo kono katon isih kalêbu bôngsa sing asor bangêt, nanging nèk pêrlu bisa malih dadi wong Arab tulèn, (Musa) bisa duwe lagak lagu cara wong Mlayu, (Kasim lan Dullah sabojone nalikane ana ing Malakah). Lho, têka samono maskape mau anggone siya-siya anggambarake bangsane dhewe iki. Jarene sing dadi idham-idamane maskape pilêm mau (Anif) arêp dadi juru pênyuluh kaanane ing tanahe kene kiyi sarana gambar, hla nèk anggone anggambarake bangsane dhewe kaya sing ditongtonake ing pilêm Têrang Bulan kuwi mau, apa ora mung ngisin-ngisinake bangsane dhewe bae, sabab putusane bôngsa liya kang durung tau anjajah mrene mêsthine: iya kaya ngono kuwi bangsane dhewe kiyi. Alhamdulilah, dene aku ora nonton pilêm sing mung gawe isin bangsane dhewe kuwi.

--- 1666 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthkan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Pakaryan damêl gêndhèng. Sampun dangu wontên rancangan badhe ngêdêgakên pakaryan damêl gêndhèng. Ing sapunika bab punika sampun wontên wartos badhe kêlampahan wontên salêbêtipun wulan Maart ngajêng punika, ngadêg wontên ing Cicalêngka. Ing dalêm sataunipun badhe sagêd ngêdalakên gêndhèng 2 yuta. Tumrap ing sanès panggenan sawêg karêmbag. Adêging pakaryan punika ugi angsal pambiyantu saking Fonds Kleine Nijverheid.

[Grafik]

Mèngêti jumênêng Bupati 25 taun. Ing kabupatèn Bandung mêntas wontên paargyan mèngêti anggèning jumênêng Bupati R.A.A. Wiranatakoesoema. Ingkang kacêtha ing gambar, nalika R.A.A. Wiranatakoesoema nuju mêdharsabda.

O.L. Mij Bumi-Putera badhe bikak bank alit-alit. Wontên wartos O.L. Mij. Bumi-Putera ing Ngayogya gadhah sêdya badhe ambikak bank alit-alit wontên ing salêbêtipun tanah Jawi tuwin Sumatra, namung maligi kangge mitulungi para dagang alit-alit.

Residèn ing Sêmarang badhe kèndêl. Miturut wartos Praja, tuwan Dersjant, residhèn ing Sêmarang, wiwit benjing tanggal 23 Januari ngajêng punika badhe pènsiun, ing sadhèrèngipun bidhal badhe anjajah tanah Jawi rumiyin. Salajêngipun ing salêbêtipun wulan Maart bidhal dhatêng nagari Wanlandi.Walandi.

Lulus saking pamulangan Nias. Lulus examen Indisch Arts perangan kapisan ing Nias, Surabaya, tuwan Latuperisa, Ratumbusang tuwin Soetopo. Lulus examen Indisch Arts, tuwan Oetarjo.

Pamulangan luhur Ingenieur ing Bandung. Lulus pandadaran civiel ingenieur pamulangan ingenieur ing Bandung R.Ng. Pandji Koesoemodinanto Hadinoto, putranipun ingkang Bupati ing Kudus.

Ing Purworejo tuwuh sêsakit diphterie tuwin dysenterie. Miturut wartos golongan militèr ing Purworejo kêtrajang sêsakit diphterie tuwin dysentrie. Wontênipun têtiyang ingkang kêtrajang ngantos atusan. Sêsakit wau lajêng dipun tanggulangi dening Dr. J.R. Bakker, dhoktêr militèr, sarana tindak kasuntik. Sarèhning sêsakit punika ingkang kathah nrajang golongan militèr, mila lajêng ngawontênakên papriksan supados golongan militèr botên nêdha têtêdhan ingkang kasade ing margi-margi tuwin ing wande.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupernur Jawi-Wetan R. Soepeno, Aib, nindakakên padamêlan mantri kabupatèn Surabaya, paresidhenan Surabaya, dados asistèn wêdana paresidhenan Surabaya. Darsono, tijd. wd. Aib, nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidhenan Rêmbang, nindakakên padamêlan tijd. wd. mantri kabupatèn Surabaya, paresidhenan Surabaya.

Andhapan ngamuk. Ing Lêgoksari, Tlilir tuwin Kêmloko, ass. Têmbarak, kabupatèn Têmanggung, mêntas wontên andhapan 7 ngamuk tiyang 10. Tiyangipun jalêr 7 lan èstrinipun 3. Têtiyang wau sawêg sami ndhangir brambang ing têgil. Sadaya tiyang wau sami kêtaton. Malah wontên satunggal ingkang sangêt, nama pak Roeoed, drijinipun ical 9. Sanalika têtiyang wau kabêkta dhatêng griya sakit. Lajêng andhapanipun kapêjahan, namung kenging 4. Andhapan-andhapan wau dhatêngipun saking lèr, saking wana Bansari ass. Bulu kab. Têmanggung. Jalaranipun dipun jêblugi mêrcon dening tiyang, lajêng giras têrus ngamuk mangidul. (K. 3261)

Congres Inlandsche Politie Bond. Inlandsche Politie Bond sampun kêlampahan ngawontênakên congres, manggèn ing Stadstuin, Surabaya. Kathah ingkang rawuh anjênêngi. Pangarsaning comite panampi tamu ngaturakên pambagya dhatêng ingkang sami rawuh anjênêngi. Wêwakiling pakêmpalan ingkang dhatêng H.B.P.P.B.B., H.B.P.P.I., F.I.O., H.B.O.K.S.W., H.B. Schrijvers Bond, P.P.B.B. afdeeling Surabaya tuwin sanès-sanèsipun. Wêwakiling sêrat kabar wontên pitu. Salajêngipun pangarsaning Hoofdcomite ing Bêtawi mêdharsabda mratelakakên ing bab tumindaking pakêmpalan wau wiwit taun 1931 dumugi taun 1935 ngantos dumuginipun sapunika. Salajêngipun kathah rêmbag-rêmbag ingkang kawêdharakên ingriku.

Toya leiding ing Cirêbon. Kawontênanipun toya leiding ingkang pinanggih ing Cirêbon ing sapunika kamanah kirang nyêkapi tuwin awon. Ing salajêngipun Gemeente gadhah sêdya badhe mêndhêt toya saking sumbêr enggal ing Cipaniis, prênah ing èrèng-èrènging rêdi Cirêbon. Toya ingriku punika kakintên nyêkapi. Namung pamêndhêtipun kêdah ngawontênakên trowongan, ingkang sapunika sawêg nêngah-nêngahi kagarap. Malah ing sapunika sampun kapriksa dening Ir. W. Holleman kanthi Ir. L.J.C. van Es. Kintên-kintên pakaryan punika tumuntên dados.

Taman Pustaka Karaton. Awit saking rêrigênipun B.A.A. Poerbojo, ing salêbêting Kraton Ngayogya kaêdêgan Taman Pustaka, saha pinanggihipun saya majêng. Ing sapunika miji satunggiling tilas student kadhawuhan anjawèkakên buku-buku basa ngamanca, ingkang angsal-angsalanipun kangge buku Taman Pustaka ngriku.

Ing Wonosegoro kêkirangan têdha. Ing dhusun-dhusun bawah onder distrik Wonosegoro, Boyolali, kathah tanêman botên kêmêdalan. Ing bab punika parentah arekadaya paring têdha sarana ngawontênakên kuli bêbêrah anggarap margi saking Wonosêgoro dhatêng Salatiga, kanthi sadhiyan arta f 4.000.-.

Papan lêlangên ing Kaliurang. Awit saking kaparêngipun parentah Kasultanan ing Ngayogya, badhe yasa papan kasênêngan wontên ing Kaliurang, awarni papan tennis, taman pasiraman, blumbang kangge baitan tuwin sanès-sanèsipun. Rantamaning waragad f 17.000.-

--- 1667 ---

Kapal Emden. Kala tanggal 21 wulan punika kapal Jerman Emden labuh ing Surabaya wontên ing palabuhan Hollandpier. Malêbêtipun dhatêng palabuhan jam 11, jamipun 12 dumugi jam 1.30 tuwin sontênipun jam 4 dumugi jam 6 sontên kawontênakên pêpanggihan kados adat. Dalunipun jam 8.30 kawontênakên pêpanggihan wontên ing gêdhong Deutcsher Verein tumrap para upsir tuwin bangsa Jerman. Ing tanggal 22 kawontênakên darmawisata dhatêng Nangkajajar, minangka pamaargyanipun upsir Walandi ing ngriki, dalunipun kawontênakên receptie wontên ing dalêmipun consul Jerman, mawi ulêm-ulêm. Wontênipun ing Surabaya ugi mawi kawontênakên tetandhingan bal-balan wontên ing Marakrêmbangan têtandhinganipun sawêlasan Jerman kalihan sawêlasan Marakrêmbangan. Ing dalunipun malih kawontênakên pêpanggihan ing kapal ambêbingah lare bangsa Jerman, dipun ulêmi satiyang sêpuhipun. Ing tanggalipun 23 wanci jam 3 dumugi jam 4 kapal wau kenging dipun tingali ing têtiyang umum.

Centraal Comite voor Steun aan Werkloozen. Ing salêbêtipun tanggal 1 dumugi 30 November kêpêngkêr, Centraal Comite voor Steun aan Werkloozen tampi arta f.164.612.67, arta samantên wau ingkang f 150.000 saking gupêrmèn.

Nyobi pigunaning kajêng jati nèm. Pakaryan wana mêntas nindakakên cobèn-cobèn migunakakên kajêng jati nèm kangge bantalan ril. Manawi cobèn-cobèn punika migunani tumrap S.S. tamtu badhe sagêd nyuda waragad kathah. Kajêng jati ingkang taksih nèm punika pancèn dèrèng atos, nanging manawi dipun jantoni mawi ascu sagêd langkung kiyat.

Barang kina ing Gunung Jati. Ing pasarean ing Gunung Jati, Cirêbon, pinanggih kathah barang-barangipun kina, ingkang sampun umur atusan taun. Ing bab punika parentah amigatosakên, supados dipun jagi sampun ngantos ical, tuwin supados dipun rimat sae. Mila pakaryan babagan barang kina badhe ngadani damêl griya wontên ngriku. Yêyasan griya wau kajawi dipun waragadi dening pakaryan babagan barang kina piyambak, ugi dipun biyantu dening Gemeente tuwin Regentschapsraad. Makatên ugi angsal urunan saking Cheribonsch Instituut.

Pasiraman ing Simbarjaya. Ing bawah Purworejo ingkang tapêlwatês kalihan Magêlang wonten pasiraman nama Simbarjaya. Pasiraman wau sawêg kabikak kala ing tanggal 19 wulan punika mawi paargyan tuwin dipun jênêngi ing para agêng ing Purworêjo tuwin têtamu saking Magêlang.

Bab arta kêrtas palsu ingkang dados prakawis. Ing taun punika pangadilan landraad ing Bêtawi andhawahakên karampungan ing bab prakawis arta kêrtas palsu rêgi f 50.-. wontên têtiyang siti sawatawis ingkang kaukum. Arta palsu wau dipun sêbarakên dhatêng Bandung, Cirêbon, Pakalongan tuwin taksih wontên kitha-kitha sanèsipun ing Jawi-Têngah saha Jawi-Kilèn. Arta ingkang sampun sumêbar kirang langkung wontên rêrêgèn f 20.000.-. Tumrap pangadilan landraad ing Bandung tuwin Cirêbon ugi andhawahakên karampungan babagan punika. Malah sapunika wontên wartos bilih taksih wontên papriksan malih babagan punika kapetang tiyang ingkang dados pangajêngipun. Miturut wartos aslining arta wau saking Tiongkok.

Panggilingan wos gadhahanipun O.L. Mij. Bumiputera. Ingajêng sampun nate kawartosakên bilih O.L. Mij Bumiputera badhe ngêdêgakên panggilingan wos wontên ing Kroya. Pabrik wau badhe sagêd ngêdalakên wos ing dalêm saêjam 20 pikul. O.L. Mij Bumiputera badhe ngawontênakên pawitan f 50.000.-, sanèsipun badhe kasade sarana aandeel. Miturut wartos, aandeel wau ingkang kathah dhawah ing Tuwan Saleh Idris ing Banyuwangi, ingkang misuwur satunggiling bangsa Jawi kêcêkapan ingkang sagêd nglampahakên arta.

[Grafik]

NAGARI WALANDI

Kawontênanipun Sripaduka Prins Bernhard. Miturut kêtrangan saking doktêr ingkang anggarap gêrahdalêm Sripaduka Prins Bernhard, gêrahdalêm pinanggih: a. tumrap tatu ing mastaka, sampun sênggang. b. tumrap ebahing prabot ing salêbêting mastaka sampun pulih, botên wontên tandha-tandhaning bênthèting balung mastaka. c jalaran saking kêtatap, ing sacêlaking tingal kiwa wontên uratipun ingkang botên sagêd ebah, nanging ugi sampun pinanggih sênggang. d èngêtandalêm pinanggih sae.

EROPA

Inggris ngawontênakên ajar-ajaran pêrang wontên ing susukan Suez. Dèrèng dangu Inggris mêntas ngawontênakên ajar-ajaran pêrang ingkang dipun tindakakên ing wadya dharatan, wadya lautan tuwin wadya gêgana wonten ing susukan Suez. Ing kala punika pinanggih wontên kapal pêrang Prancis 3 dumugi ing Port Said ugi lajêng ngawontênakên ajar-ajaran pêrang kadosdene tindakipun Inggris. Wontên wartos bilih tindakipun Prancis punika botên gêgayutan kalihan Inggris, nanging wontên pangintên bilih kawontênan wau gêgayutan kalihan babagan panjagi tata têntrêm ing Suez.

AMERIKA

Pogokan ing post. Ing Amerika wontên punggawa-punggawa post sami mogok ing pintên-pintên panggenan, danguning mogok namung tigang jam. Mênggah kawigatosanipun anggèning mogok wau namung minangka cobèn-cobèn, saupami wontên pogokan yêktos kadospundi kawontênanipun. Ingkang wontên pogokan makatên wau, ing New York, Washington, Philadelphia, Pittsburgh, Buffalo tuwin Detroit.

AFRIKA

Pasulayan babagan kabinèt. Pasulayan babagan ingkang pinanggih ing panjênêngan nata ing Mesir kalihan kabinèt Nahas Pasha pinanggih saya ruwêt. Sagêd ugi Srinata Mêsir ngèndêli Nahas Pasha. Awit saking kaparêng nata badhe nimbali Dr. Ahmed Mahir pangarsa Kamer Mêsir supados ngêdêgakên kabinèt enggal. Makatên ugi golonganing Wafd inggih kêncêng botên purun angewahi adêgipun.

--- 1668 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya.

37

Prajurit tiga, ingkang sami gagah prakosa, sarta sampun sami kasuwur mênggahing kadibyanipun, sanalika lajêng sêsarêngan ngadêg, amurugi prajurit ingkang ngakên nama Nikita, baunipun kacandhak ing tiyang têtiga nêdya kalarak mêdal. Nanging Nikita botên obah sakêdhik-kêdhika malah lajêng gumujêng sarta awicantên sajak angerang-erang makatên:

Sang prabu, sêmunipun para prajurit panjênêngan punika kêkiyatanipun botên beda kalihan kêkiyataning prawan ingkang taksih kêmêncur. Amila manawi namung tiyang tiga ingkang kadhawuhan ngungsir kawula saking ngriki, kados botên nyêkapi. Kawula aturi andhawuhi tiyang tiga malih, mugi-mugi ingkang tiga punika sayêktos anggadhahana karosaning priya, sanès karosaning prawan.

Sang prabu lajêng paring sasmita dhatêng prajurit tiga malih, ingkang sakala punika lajêng sami ngadêg saking palênggahanipun sarta nuntên anêmpuh dhatêng tamu ingkang ngakên nama Nikita wau. Prajurit têtiga punika lajêng nyandhak baunipun, anarik lan anjorogakên, nanging Nikita prasasat kados sela karang ingkang katêmpuh ing alun, tanpa ebah babarpisan, kajawi namung mèsam-mèsêm sajak ngerang-erang sarwi awicantên makatên:

Dhuh, sang prabu, manawi panjênêngan kapengin langkung rêna ing panggalih, kawula aturi dhawuh dhatêng gagak-gagak tiga malih supados sami anêmpuh dhatêng kawula.

Salajêngipun nuntên wontên prajurit tiga malih ingkang ngadêg saking palênggahanipun angrubut dhatêng prajurit mônca wau. Sadaya prajurit nata wau sami angêtogakên karosanipun, nanging tanpa damêl, Ilya aliyas Nikita botên sagêd mingsêr saking palênggahanipun. Kalihan gumujêng Ilya matur dhatêng sang prabu makatên:

Sang prabu, punapa panjênêngan badhe ngenggar-enggar panggalih. Dumugining samangke, sanadyan para prajurit panjênêngan punika sami anêmpuh dhatêng kawula, kawula babarpisan botên anglawan. Kalanipun têtiyang punika kumapurun nyobi ngungsir dhatêng kawula saking bangsal punika, kawula botên ngukum dhatêng lêlampahanipun ingkang kirang dugi-prayogi wau. Nanging sapunika kawula aturi mriksani, dhuh sang prabu, manawi kawula sampun purun ngatingalakên mênggahing kêkiyatan kawula. Nanging kintên-kintên salajêngipun sanadyan panjênênganipun sang prabu piyambak, inggih botên badhe kalajêng-lajêng anggènipun ngina tuwin angrèmèhakên dhatêng kawula punika.

Sasampunipun umatur makatên wau, Ilya lajêng ngirigakên badanipun, lan salajêngipun prajurit sanga cacahipun ingkang sami gagah prakosa saha ingkang sami nyêpêngi Ilya wau, sami kontal mrika-mriki, sarta dhawahipun wau, sirahipun sami nanggor ing tembok. Para tamu sadaya sami anjêlih kanthi ngungun sangêt. Awit salaminipun gêsang sadaya wau dèrèng nate ngalami karosan ingkang samantên. Ing môngka sampun dados padatanipun para satriya tuwin para prajurit ing jaman punika, sanadyana mêngsah bêbuyutan pisan, wajib angaosi dhatêng kalangkunganipun. Nanging Nikita botên migatosakên dhatêng para tamu sadaya wau, ing kala samantên piyambakipun ujug-ujug ngadêg saking palênggahanipun, nyandhak para prajurit saking satunggal sarta lajêng kangge uncal-uncalan kadosdene bal kemawon, ngantos sadaya wau sami pating galethak wontên ing siti, botên sagêd anjanggèlèk malih.

Kalayan pucêt pasuryanipun sang prabu amirsani wontênipun lêlampahan ingkang makatên wau, lan ing panggalih tansah kagungan kuwatos, bilih prajurit mônca punika botên sande têmtu inggih lajêng anêmpuh dhatêng sariranipun.

Nanging Ilya botên pisan-pisan gadhah sêdya badhe misakit dhatêng sang prabu, amila sarêng para prajurit sadaya wau sampun sami pating cêkangkang dhawah ing siti, inggih lajêng kèndêl pangamukipun, sarta lajêng enggal-enggal mêdal saking bangsal ngriku. Nanging kala mêdalipun wau, anggèning nutup kori sakalangkung sora ngantos kori wau lajêng bêjat. Dene para satriya ingkang sami pating glèthak ing siti, ngantos sawatawis dangu anggènipun sami ajrih tumênga. Ngêmungakên satunggal kalih ingkang purun cariyos kalêsak-kalêsik kalihan kônca-kancanipun makatên:

Kèndêl-kèndêlan rumiyin, sampun ebah-ebah lan sampun nyuwara, awit manawi Nikita ngantos sumêrêp utawi mirêng, sagêd ugi piyambakipun lajêng wangsul mriki malih, saha amêjahi kula sadaya. Kintên kula manawi piyambakipun ngantos wangsul malih, nèm sêpuh botên wontên ingkang dipun gêsangi. Manahipun ingkang têmtu botên badhe lêga, yèn para têtungguling prajuritipun sang prabu dèrèng pêjah sadaya.

Sasampunipun, Ilya mêdal saking kadhaton, lajêng kèndêl sakêdhap anyawang dhatêng kawontênanipun kadhaton. Ing wusana piyambakipun lajêng nyandhak jêmparingipun waja, saha lajêng dipun sipatakên dhatêng mustakaning kadhaton kanthi cariyos makatên:

Badhe kasambêtan.

--- 201 ---

Nomêr 51, taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Kridhaning Wanita Jawi.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 102.

Wontên sanès bab malih, inggih punika, anggènipun wanita sampun purun anglairakên raos lan pamanggahipun wontên ing kalawarti kanthi corèk-corekan (kanthi ngarang).

Tiyang punika sok gadhah kabêtahan kêpengin badhe nglairakên gagasanipun. Punika botên sanès kajawi kêpengin gêthok tular kalihan tiyang sanès, utawi ngrumaosi manawi gadhah gagasan ingkang sagêd ugi mikantuki tiyang sanès.

Paedahipun anglairakên gagasan sarana sêratan punika mila inggih prayogi sangêt, manawi ing bab punika dipun pêrsudi.

Pocapan punika enggal icalipun, enggal supe. Wangsul sêratan punika kenging dipun manah-manah sarana têntrêm lan wêninging pikiran. Sêratan punika kenging dipun upamèkakên obor, sagêd damêl pêpadhang.

[Grafik]

Rara Siti Mariyam.

Mênggah wataking tiyang èstri punika rêmên damêl padhanging manah, kêpengin angènthèngakên sêsanggèn, ngrencangi gotong-royong. Dados inggih sampun nama lêrêsipun, manawi para putri kagungan karsa ngarang utawi rêrêmbagan wontên ing kalawarti ingkang murakabi. Nanging inggih kathah tiyang èstri ingkang rêmên ngarang ngawon-awon utawi ngungasakên badanipun piyambak. Ingkang kados makatên punika sampun botên kaprah, prayogi dipun kèndêlakên. Tujunipun ingkang makatên wau sampun awis-awis sangêt pinanggihipun.

--- 202 ---

Bab tiyang èstri anggènipun rêmên ngarang punika sampun dados lêrêsipun, janji sami marsudi nglêmpakakên dêdongengan kangge waosan lare, awit tiyang èstri punika ingkang kacatêtkacakêt. sangêt tumraping lare.

Samantên mênggah wawasan kula ing bab kridhaning wanita Jawi.

Siti Mariyam.

Cathêtan Olah-olah Prasaja.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 102.

Sambêl tumpang.

Lombok abrit, brambang, bawang, tempe wayu satunggal utawi kalih iji, sadaya wau sami kakukusakên sarêng ing dang utawi liwêt dados satunggal, manawi sampun tanak, kaêntas, nuntên dipun wêwahi tempe waras kalih utawi tiga, lajêng kaulêg dados satunggal, manawi sampun lêmbat, dipun santêni sacêkapipun, sarta dipun cêmplungi cècèk, pête, gêndhis jawi, salam laos, lan sarêm, tumuntên kagodhog saasatipun (kintên-kintên kantun nyèmèk-nyèmèk). Abênipun kalihan janganan: thokolan, kara pêthak, lêmbayung ingkang sampun sami ginodhog lawaran tanpa bumbu, sarta panggodhogipun botên kacarub.

Sambêl pêcêl.

Kacang cina ginorèng sangan, manawi sampun matêng, dipun oncèki rêsik, lajêng kadhêplok ing lumpang, manawi sampun lêmbat, kaêntas rumiyin, lajêng sinêlanan andhêplok lombok abrit salêmbatipun, nuntên kawêwahan sarêm, traos, asêm, lan gêndhis jawi watawis kathah, kadhêplok malih, manawi sampun lêmbat, kacang cina ingkang sampun dhinêplok wau, kaêsokakên ing lumpang ngriku, lajêng kadhêplok malih ngantos carub dados satunggal kalihan bumbunipun. Sambêl punika wujudipun garing kêmpêl, mila pandhaharipun kêdah dipun juri kalihan toya. Sarta abênipun mawi janganan: thokolan, kacang gleyor, godhong êso, bayêm, sêmanggi, janganan punika kagodhog piyambak-piyambak, tanpa bumbu. Manawi badhe kadhahar, janganan wau karacik piyambak sakaparêngipun, lajêng dipun sukani sambêl, sarta kawuwuran lalaban, godhong kêmangi utawi oncekan woh kêmlandhingan (lamtara).

Mêgana.

Jangananipun inggih punika: thokolan, kobis, kangkung lan êso, dipun godhog. Bumbunipun: rajangan pête, brambang, bawang, lombok abrit, kêtumbar, jintên, têri utawi blênyik, traos sakêdhik, lan sarêm, dipun ulêg salêmbatipun, nuntên cinarub akalihan parudan kalapa ênèm, sarta kawêwahan ulêgan godhong salam tuwin laos, dipun gôngsa ing wajan. Manawi sampun matêng, jêjanganan wau lajêng kacampurakên. Pandhaharipun kalihan tigan godhogan.

M.

Sêsêrêpan Pamonging Putra Sawatawis.

Kula sadaya ingkang dados pamonging putra têmtu sampun anguningani kanthi paham, ing bab pangupakaraning bayi ngantos agêng, langkung-langkung tumraping para wanita ingkang sampun kagungan putra piyambak. Ananging kula ugi badhe nyariyosakên sawatawis, awit kawontênaning para pamong ingkang sampun angsal pangajaran kalihan para pamong padhusunan ingkang dèrèng mambêt piwulang punika beda sangêt. Pramila prayogi sangêt manawi ingkang kajibah dados pamonging putra ingkang sampun angsal pangajaran wau karsa nênuntun dhatêng para pamong ing padhusunan, nyêrêpakên saking sakêdhik, minôngka dados panuntuning bôngsa kula kanthi katrêsnan, amrih kamajêngan wau sagêd tumular.

Kula atur pamrayogi dhatêng para ingkang dados ibuning putra, kaangkaha ingkang sagêd sae, ngatos-atos sarta prayitna. Liripun makatên, putra wau kagulawênthaha ingkang prêmati, supados ing têmbe wingkingipun sampun ngantos sami kumapurun dhatêng tiyang sêpuhipun. Utawi lare nakal sêmbrana, lampah culika, goroh, mêmisuh, sapanunggilanipun. Ingkang makatên wau sajatosipun namung kiranging panjagi dhatêng putra.

Ingkang saupami manawi lare sampun kalajêng, angèl anggènipun andandosi. Pramila sadèrèngipun kêdah kajagi ingkang saèstu, wiwit bayi ngantos lare sampun sagêd angêcakakên pikir piyambak. Kula ugi kêrêp mirêng têtêmbunganipun tiyang padhusunan makatên: dhasar lan ajar iku mênang dhasar. Liripun makatên, sanadyan ana bocah diwulanga kang akèh bangêt, bêbasane lambe satumang kari samêrang, yèn dhasare wis culika iya mêsthi isih gêlêm anyênyolong. Sanajan dikon ngêntèkake piwulanging guru sajagad pisan mêsthi ora owah saka dhasare. Kosokbaline yèn dhasare wis bêcik lan lurus sanajan tanpa piwulang, iya dadi bocah kang bêcik. Prakawis punika bilih karêmbag kanthi cukênging manah asring dados rêgêjêgan. Nanging para sadhèrèk, prakawis wau botên angèl, kêdah anggagas wontênipun dhasar, saking pundi. Lan tamtu wontên ingkang andhasari, punapa dhasar wau saking ingkang Kuwaos, nanging ngèngêtana bilih ingkang Kuwaos ugi rêmên tindak sae, mila paringipun dhasar ugi sae. Dhasar wau têmtu saking biyunging putra, inggih panggulawênthahing putra ingkang taksih bayi ngantos ahêng anggènipun nyukani dhasar. Pramila sumôngga sami nyatitèkakên kawontêning lare ing padhusunan, ingkang dèrèng mambêt piwulanging biyungipun.

Ing padhusunan kathah tiyang ingkang gadhah lare nalika bayi lair saking guwa garbaning biyung, sami dipun sarantosakên ngantos wêdaling ari-ari, trêkadhang ngantos jam-jaman, lare sampun kamirêngan tangisipun mêksa kakèndêlakên kemawon, ngantos bayi wau sagêd kalêbêtan ing rêrêgêd. Punapa ingkang makatên wau botên adamêl risaking badanipun bayi, têmtu sagêd. Sasampunipun luwar sadaya, sawênèh pangêthoking pusêr botên dipun tangsuli rumiyin. Ingkang makatên wau anjalari wêdalipun rah saking pusêr kathah, punika nyuda kêkiyataning bayi.

--- 204 ---

Bayi lajêng dipun dusi ing toya gege, supados enggal agêng, ingkang kadamêl toya gege wau toya limrah kawadhahan ing pangaron utawi basi, sarana dipun sukani sêkar-sêkaran. Lajêng dipun dadah, inggih punika dipun pijêti badanipun sakojur, malah kula sumêrêp sirahing bayi wau kaênêt-ênêt bilih kasêmbadan badhe kawangun bundêr sampun ngantos penjol. Kuping kajèwèr-jèwèr supados sampun kalitên, irung kadudut supados ambangir. Ingkang makatên wau tumraping para sagêd sami botên anocogi, amargi nyuda kasarasaning bayi. Lajêng dipun ambêni, panggenan pusêr dipun sukani siti (apu), upami siti ingkang kadamêl tutup pusêr wau kadunungan wisa utawi baksil punapa botên andrawasi tumraping lare. Wusana lare dipun gêdhong, kabônda mawi slendhang, saking sasumêrêp kula kados singsêt, wah punika bayi têmtu botên sagêd angebahakên badanipun, anjalari kirang sêgêring badanipun bayi. Sasampunipun makatên manawi bayi wau sampun wiwit nangis lajêng dipun sêsêpi. Bilih tangisipun wau kakintên ragi langkah saking kawontênaning kalimrahan, bayi lajêng dipun dulang, upami dêgan kêmrambut.

Badhe kasambêtan.

Pun Bok Tani, K. 899.

Sinjang Kêmbang Kapas.

[Grafik]

Sinjang Kêmbang Kapas punika satunggiling sinjang ingkang sêratanipun ngrêmit kaduk kathah sogan tuwin tembokanipun, mila sanadyan dhêdhasaripun latar cêmêng, wujudipun katingal mramong.

Manawi miturut wujud katingal bangsaning cêplok, nanging manawi mirit alit-alitipun, limrahipun botên dipun wastani cêplok.

Sinjang Kêmbang Kapas, punika pantêsipun dados agêm-agêman putri, ingkang pawakan alit. Pamantês makatên wau namung kapiridakên saking alusing sêratan, tuwin alit-aliting sêkaranipun. Rasukanipun dhêdhasar kêlêm ingkang sêkaranipun alit-alit, nanging cêtha.

Tumrap para wanita ingkang rêmên ngadibusana Jawi, tamtu sagêd mêmantês piyambak dhatêng traping pangagêmipun.