Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07, #1666

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1937, #1666
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1496.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1497.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1498.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1499.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1500.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1501.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1502.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1503.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1504.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1505.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1506.

Ôngka 53, Stu Wa, 24 Bakdamulud Ehe 1868, 3 Juli 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Babaran enggal! Babaran enggal!

MARGANING URIP.

Cariyos satunggaling malaekat kasiku dhatêng Ingkang Damêl Gêsang, dipun dadosakên manungsa limrah, nama Misèl. Sarêng sampun sawatawis laminipun kêmpal kalihan manungsa, Misèl sagêd nyumêrêpi punapa ingkang dados awisanipun Ingkang Kuwaos. Wusana Misèl wangsul dados malaekat malih.

Lajêng dipun sambêti cariyosipun: ILYAS. Satunggaling tiyang sugih ingkang lajêng mlarat. Nanging sarêng mlarat malah rumaos bêgja lan sênêng gêsangipun.

Dipun sambêti malih cariyos LAS-LASAN BÊRAS SAÊNDHOG PITIK. Satunggaling ratu kagungan barang ingkang sakalangkung anèh, agêngipun satigan ayam, wujudipun kados las-lasan uwos. Para sagêd botên wontên ingkang sagêd mastani barang wau. Lajêng wontên tiyang sêpuh ingkang sagêd nêrangakên bilih barang wau sajatosipun inggih uwos. Uwos jaman rumiyin.

Cariyos tigang warni kasêbut ing nginggil punika nênarik manah saèstu, sarta ngêmu piwulang ingkang lêbêt. Prayogi dipun sumêrêpi ing para mudha tuwin para wrêdha.

Kangge icip-icip ing ngandhap punika pêthikanipun:

Cariyosipun Misèl: "Saikine aku ngrêti, yèn uwong iku uripe ora jalaran saka anggone ngrêmbug marang awake dhewe, nanging jalaran saka katrêsnan, kawêlasan utawa asih.

Wong kang dadi biyung, ora kaparingan wêruh apa kang dadi kabutuhane anake murih bisane urip. Wong kang sugih-wugih ora pinarêngake wêruh apa kang prêlu tumrap awake. Sarta iya ora ana wong kang pinaringan wêruh, sing dibutuhake iku apa? Apa sêpatune kanggo wong urip, apa trumpah kanggo wong arêp mati.

Anggonku bisa urip nalika tinitah dadi uwong iku ora sabab saka olèhku njaga marang uripku dhewe, nanging sabab saka anane rasa asih, rasa wêlas utawa rasa trêsna, kang dumunung ana ing atine wong lanang kang liwat sandhing panggonanku andheprok, utawa kang dumunung ana ing atine bojone.

Dene bocah kang ditinggal bapa biyungku iku bisane slamêt uripe iya ora saka anggone njaga marang uripe dhewe, nanging jalaran saka anane rasa wêlas, rasa trêsna kang dumunung ana ing atine wong wadon kang dudu apa-apane.

Mangkono uga wong-wong kabèh mau, bisane urip ora jalaran saka anggone rumêksa marang uripe dhewe, nanging jalaran atine wong-wong padha kadunungan rasa asih, rasa wêlas lan rasa trêsna.

Dhèk biyèn sing dakngrêtèni mung Pangeran olèhe paring urip marang uwong-uwong, sêbab krêsane pancèn supaya uwong-uwong bisaa urip. Saiki liyane kuwi ana manèh:

Yaiku ora dadi kaparênge Sing Kuwasa yèn wong urip mung arêp mikir marang awake dhewe. Saka krêsane Sing Kuwasa urip kudu kanggo sapadha-padha. Jalaran saja kagungan krêsa mangkono mau, mula iya ora dhawuh apa kang dadi kabutuhane siji-sijining wong urip tumrap awake dhewe. Sing didhawuhake apa kabutuhane wong urip tumrap wong akèh, dadi iya tumrap awake dhewe, lan tumrap sapadha-padha.

Kajabane iku aku saiki iya ngrêti, yèn wong kang duwe rumangsa yèn uripe iku saka pangrêmbuge dhewe, iku satêmêne klèru. Wong ora bisa urip saka pangrêmbuge dhewe, nanging kudu saka katrêsnan, saka asih, saka kawêlasan. Awit sapa kang winêngku ing katrêsnan, ing asih, utawa wêlas, iya kawêngku ing Pangeran. Kosokbaline Pangeran, iku iya mung bisa winêngku dening uwong kang kadunungan trêsna, wêlas lan asih. Awit sanyatane sipate Pangeran iya wêlas, iya trêsna, iya asih.

Ngètên nggih, mas, nèk kula pikir ngotên, pancèn inggih sanès lêpate kasugihan, dene dhèk kula sugih, botên sênêng, sarta nggih sanès panggawene si kêmlaratan dene barêng mlarat kula lajêng sênêng. Ontêne dhèk kula sugih ati kula botên sênêng, botên jênjêm, niku sababe awit angsal kula pados kasênêngan luput panggonane. Kula wastani kasênêngan niku dununge mung èntên bandha mawon. Dados sing kula udi nggih mung bandha. Rina wêngi angsal kula golèk tanpa lèrèn. Lèrèn-lèrèn jam tilêm. Botên nate kula tiyang kalih sok mijèkakên jam kangge omong-omongan, kangge rêmbugan. E, ngrêmbug kautaman, karêp kula. Niku botên nate. Pikiran kula mubêng mungsêt mung têng bandha. Awan kula golèki, bêngi kula kuwatirake yèn dicolong uwong. Têng wong liya, têng batur anane mung sujana. Kuwatir yèn nganti gawe kurange bandha sing kula kêpengini. Dadi ati kula niku mung tansah ngandhut dosa. Dosane dene ndakwa sing botên-botên têng wong sing botên punapa-punapa." Awit satêmêne batur-batur kula niku sae-sae sadaya. Lajêng jaran, sapi, wêdhus, sapiturute, niku anggêr diêngon, digawa lunga saka ngomah, ati kula ênggih êmpun dhêg-dhêgan, sumêlang nèk dibadhog kewan galak.

Lajêng ontên malih sing saya damêl rungsêbing manah, ênggih niku angsal kula kêrêp pabên kalih kanca jalêr. Ing bab ngumpulake bandha; kula tiyang kalih nika padha mêmpênge. Kula mêmpêng, kanca jalêr inggih mêmpêng. Jalaran saka mêmpênge wau sok lajêng cêngkah. Ngriku kêncêng, kula kêncêng, dados lajêng pabên!"

Dhayohe takon: "La sanikine pripun?"

Sanikine êmpun ewah, sabab sêdantên mawon sing marakake rungsêb têng manah êmpun sami kula bucali. Kuwatos napa-napa botên gadhah. Sujana têng wong liya ênggih botên. Nèk sêla pagawean kula tiyang kalih sami mrêlokakên omong-omong, ngrêmbug bab kautaman, ngrêmbug kuwasane Sing Gawe Urip. Sêdantên wau anjalari manah kula lajêng sênêng, têntrêm. Dèrèng nate kula ngraosakên sênêng kados saniki. Sèkêt taun angsal kula krênggosan mlayu-mlayu, golèk kasênêngan. Ning tibane katêmune jêbul barêng êmpun mlarat.

Krungu katrangane bojone Ilyas mêngkono mau, dhayoh-dhayohe padha gumuyu, katon yèn ora anggugu. Ilyas satêngah nêsu, kandha: "Sampun sami gumujêng, sadhèrèk. Mênika sanès gêgujêngan, nanging kanyatahan, inggih punika kanyatahaning gêsang. Ingkang Kuwaos sampun paring èngêt dhatêng kula tiyang kalih. Pêparingipun Ingkang Kuwaos wau dening semah kula kala wau sampun dipun aturakên dhatêng panjênêngan. Botên awit saking nuruti manah sênêng, nanging awit saking pangeman. Inggih punika ngeman dhatêng panjênêngan sadaya, sampun ngantos anggènipun manggih sênêng, ndadak mawi patumbas kadosdene kula."

Andadosakên kauningan dalêm gusti. Pantun ingkang wosipun samantên, punika jamanipun kawula taksih tumindak ing damêl, nama limrah. Sarta ingkang sami kawula têdha, inggih wos ingkang samantên-samantên punika. Ingkang nanêm kawula piyambak, ingkang ngênèni inggih kawula piyambak.

Sang prabu gumun, kêpengin ndangu manèh: "Mungguh sawah kang koktanduri, iku sawah kang kaya apa?"

Wong tuwa mangsuli: "Nuwun inggih sabin limrah, sabin kagunganipun Ingkang Kuwaos. Awit jaman samantên, sabin ingkang dados sabinipun tiyang punika inggih sabin ingkang sawêg kagarap. Botên wontên caranipun tiyang ndhaku siti kaakên dados gadhahanipun. Ingkang nama gadhahanipun tiyang, punika namung baunipun. Wondene siti têtêp dados kagunganipun Ingkang Kuwaos."

Sang prabu gèdhèg-gèdhèg saka gumune, banjur ndangu manèh: "Ana manèh, paman, sing arêp daktakokake marang kowe. Sapisan: yagene jaman kunane pari bisa mêtu samono, nanging saiki ora. Kang kapindho: yagene putumu olèhe mlaku nganggo têkên loro, anakmu mung siji, barêng kowe ora têkênan babarpisan. Mangkono uga pandêlêngmu, pangrungumu, lan untumu isih sarwa wutuh, tur caturanmu iya isih cêtha. Ngungkuli anakmu apadene putumu."

Wong tuwa munjuk mangsuli: "O, kawuningana, gusti. Wontênipun kados makatên, awit tiyang-tiyang punika gêsangipun botên awit saking anggènipun nyambut damêl piyambak, utawi malih rêmên melik dhatêng darbèking sanès. Botên kados tiyang jaman kawula rumiyin. Tiyang gêsang namung ngèstokakên dhawuhipun Ingkang Kuwaos. Sampun marêm utawi narimah kalihan gadhahanipun piyambak, botên kêpengin utawi mamrih dhatêng gadhahanipun sanès."

Manawi badhe priksa jangkêping cariyos, kula aturi nyatakakên mundhut Sêrat "MARGANING URIP", têmtu botên badhe kacuwan. RÊGINIPUN NAMUNG f 0.24

WÊDALAN - BALE PUSTAKA - BATAVIA-CENTRUM.

--- [817] ---

Ôngka 53, Stu Wa, 24 Bakdamulud Ehe 1868, 3 Juli 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Panitikan Sawung Abênan - Pondhok Pasantrèn saha Tatacaranipun - Sêsakit Edaning Sêgawon - Sêndhang Pancuran Sidamulya - Blilu Tau - Lotre - Wawasan badhe Bidhal dhatêng Paboyongan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Luconipun Sêrat Menak tumraping ngèlmon

Ingkang pinanggih wontên ing Sêrat Menak Ngajrak wêdalan Bale Pustaka, nalika nagari Ngajrak, inggih punika nagarinipun ratu jin, tinêmpuh ing mêngsah danawa, ratunipun jin sagarwa putra tuwin wadyabalanipun, sami kèngsêr saking praja. Ing ngriku ratu jin wau lajêng minta sraya dhatêng Tiyang Agung Menak, saha kêlampahan, Tiyang Agung Menak unggul ing pêrang.

Ing kalanipun utusan ratu jin wau sowan Tiyang Agu,Agung. gêgujêngan kalihan Radèn Umarmaya, pêthikanipun makatên:

[Asmaradana]

Wus lumampah Marmayèki / samarga-marga bêbeka / lah mara ngilanga manèh / mêngko nuli angatona / kêkalih sarêng ngilang / Umarmaya cêluk-cêluk / ing ngêndi panggonanira //

jin kalih datan nauri / lawan ta nora katingal / Marmaya maras ing tyase / mulat wuri julalatan / Marmaya nulya maca / wa bikaki kaomuhu / ya Bagendha Sulemana //

anulya katingal malih / gumuyu Ki Umarmaya / ingsun wurukkên japane / kang mawa nora katingal / Patih Sanhasil mojar / apan ta wus takdiripun / Ki Umarmaya angucap //

ingsun kapengin dadya jin / yèn ta mangkono wèhana / ingsun jin salawe bae / sun gawene kajinêman / Patih Sanhasil mojar / tambuh-tambuh sira jaluk / êjin maksih luhur sira //

Mirid pêthikan ingkang kados makatên punika, têrang bilih drajating manungsa punika langkung inggil tinimbang jin, tuwin manawi kapiridakên tôndha yêktinipun, Tiyang Agung Menak sagêd mitulungi jin yêktos.

Dados manawi ngatên, tumraping tiyang kêdah suka sukur, dene pinaringan drajat sanginggiling jin. Nanging punapa inggih nyata makatên. KadosDados. bab kados makatên punika botên kenging namung kandhêg wontên ing panganggêp kemawon, tamtunipun inggih kêdah mawi pawitan kasêktèn kados Tiyang Agung.

Nanging sintên tiyangipun ingkang botên kapengin linangkung kados jin, tandhanipun tumrap Radèn Marmaya piyambak, miturut cariyos, ing kawêkasanipun, sarêng jaman Gusti Kangjêng Nabi Mukammad, lajêng anglès dhatêng Ngajêrak.

Kajêngipun kasumanggakakên.

Cêkruktruna.

SING UGA DHÊMÊN MÊNYANG PÊPÊTÊNG, WÊDI MÊNYANG PÊPADHANG, YAIKU BASIL T.B.C. MULA BÊCIKE OMAH IKU DIKÈHI LAWANG LAN JÊNDHELANE.

--- 818 ---

Panitikan Sawung Abênan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 52.

Titikaning kalangkungan.

1. Sisik mêlik: wujudipun kados sisiking ulam, pamanggènipun ing gathukan pucuk kalihan bongkotipun sisik kalih lêrês têngah-têngah bêlahan, punika manawi namung satunggal, saha ingkang wontên namung suku satunggal, pamanggènipun kalêrês sangandhaping jalu, dhudha kingkin namanipun, ngadat apêsan mripat. Manawi sisik mêlik wau tiga saha gangsal, dhudha kèrêm namanipun, ngadat botên sagêd mênang. Manawi ing suku satunggalipun wontên sisikipun mêlik kados ing sisihipun wau, dados mawi timbangan, punika dhudha pasihan namanipun, ngadat sinung kampuhan. Manawi ing lêrês jalu wontên mêlikipun nyatunggal kiwa têngên, soca misani namanipun, punika kajawi sinung kampuhan, ngadat jalunipun angsalan.

2. Sisikan limrah utawi rêsik, inggih punika sisikan ingkang namung kalih larik, bêlah kêtupat namanipun, ngadat sinung kayuwanan, nanging kêrêp wontên ingkang kêplèk utawi ajalu buntêl, inggih punika jalu ingkang botên sagêd panjang, katog-katogipun kirang saking sasènti mètêr. Jalu ingkang makatên, wontên ingkang mastani buntêl upas, gadhah kampuhan.

3. Sisik ubêd sadaya ing suku kalih pisan, punika naga mimang namanipun, sinung kampuhan, saha gêbagipun sêru.

4. Sisik ubêd dhèmpèt, ing suku kalih pisan, punika naga môngsa namanipun, sinung kampuhan.

5. Sisik ubêd kalih ing antawisipun wontên mêlikipun, punika manawi pamanggènipun wontên sangandhaping jalu, inggih dhudha kingkin namanipun. Manawi pamanggènipun ing lêrês jalu, saha ing suku satunggalipun wontên kados makatên, inggih soca misani namanipun, wirasatipun sami kalilan ingkang kasêbut ing ôngka 1 wau.

[Grafik]

6. Sisik ubêd ing lêrês jalu kalih pisan, punika manawi sawung rajêgwêsi: naga mangkrak namanipun, nadyan jalunipun botên lancip, ngadat sagêd ngapêsakên mripating mêngsah. Manawi ingkang makatên wau sawungipun wiring jêne, nama mas tinuruh. Manawi wido: mas sinangling. Manawi wiringgalih: meganônda. Manawi kêlawu: basunônda. Sadaya sawung ingkang gadhah sisik ubêd, langkung malih bilih ubêd sadaya, punika ingkang kathah botên mêdal jalunipun, mêdal-mêdalipun godog, canthèl utawi rèntèng.

7. Sisiking dariji sami pêcah, punika nama tunjungkarang, ngadat sinung kampuhan.

8. Sisiking driji panunggul kalih pisan wontên ingkang [ing...]

--- 819 ---

[...kang] pêcah, punika tunggulkarang namanipun, sinung jaya ambingungakên mêngsah, tuwin adhakan nyolok mripatipun mêngsah.

[Iklan]

9. Tlapakaning dariji kalih pisan wontên sisikipun, punika batu rante namanipun, sinung kampuhan.

10. Katèl kalih pisan wontên sisikipun, punika batu lapak namanipun, sinung daya nglicikakên mêngsah.

11. Sisiking jênthik kalih pisan pêcah sadaya, punika tunggak kalingan namanipun, sinung daya anggirisakên manahing mêngsah.

12. Sisikan kados sisiking ulam, utawi kados kuliting salak, punika naga tinrap namanipun, sinung daya nyakitakên mêngsah, botên sagêd enggal pulih. Sawung ingkang gadhah sisikan makatên punika, kathah ingkang kêplèk, jalunipun buntêl utawi rèntèng.

13. Sisiking kèmpèl, inggih punika sisik sangandhaping dhêngkul wingking kalih pisan, pinggiranipun wontên ngandhap, punika naga nungsung namanipun, sawênèh wontên ingkang mastani naga tumurun. Sinung daya nglamurakên mêngsah. Badhe kasambêtan.

W.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2005 ing Sala. Wisêl f 3.- punika tumrap kuwartal 1 saha 2 taun 1938, dados manawi botên dipun tagih, panjênêngan botên prêlu paring arta.

Lêngganan nomêr 450 ing Ngawu-awu. Lêrês, tumrap kuwartal 3 punika panjênêngan sampun ambayar. Dados bêlangko ingkang sampun panjênêngan tampi punika, nama: kêlintu. Dene randhating lampahipun Kajawèn, punika bokmanawi jalaran wontên pambêng ing margi. Saking Batawi ajêg.

--- 820 ---

Cariyos Kina

Pondhok Pasantrèn Kina saha Tatacaranipun.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 51.

Nanging limrahipun murid ing pondhok, sami ngudi sagêd nyêrat pegon, sarana tiru-tiru utawi kêrêp maos, mila sêratan pegon punika warni-warni panggandhèngipun, namung miturut dugi prayoginipun ingkang nyêrat piyambak, amargi pancèn dèrèng wontên wêwatoning nyêrat pegon Jawi ingkang gumathok.

Ingkang nama mulang sorogan punika, guru ingkang badhe mulang linggih ngadhêp bangku alit, anggènipun mastani: dhampar, para murid ingkang sami sumêdya badhe nyuwun wulang (nyorogakên) sami dhatêng ambêkta kitab sasênêngipun piyambak-piyambak, lajêng sami linggih wontên ngiringanipun guru kiwa têngên, kalihan nyèlèhakên kitab ing dhampar. Guru lajêng maos kitab ingkang kasorogakên wau, muridipun namung nyêmak lan mirêngakên pamaosipun guru, manawi sampun angsal sawatawis larik, lajêng kèndêl, murid lajêng gêntos maos utawi lajêng mundur kemawon, botên mawi maos gêntos. Guru lajêng gêntos maosakên dhatêng murid ingkang wontên ing sisihipun, kados ingkang sampun wau, gêntos-gêntos mangiwa manêngên, ngantos satêlasipun sapintên wontênipun murid ingkang sami nyuwun wulang utawi nyorogakên.

Dene ingkang nama mulang wêton, punika inggih maos kitab dalah samaknanipun (têgêsipun Jawi), namung bedanipun kalihan mulang sorogan, inggih punika gurunipun lênggah ing têngah papan pamulangan (masjid utawi langgar) ngadhêp meja alit (dhampar) maos kitab warni-warni, upami kitab: usul, pêkih, tasawup, utawi tapsir, dipun sêmak lan kamirêngakên dening murid kathah. Manawi badhe wiwit ngaos wêdalan (wêton) wau mawi têngara ungêling kênthongan, mila ugêr sampun kênthong, murid-murid sami nglêmpak kanthi ambêkta kitab kados ingkang badhe kawaos kyai guru, sarta mirantos sêtalpèn mangsèn, sami ambêkta piyambak-piyambak. Kala samantên limrahipun sami ngangge wadhah mangsi kuningan damêlan Jawi, dalah mangsinipun inggih Jawi. Dene wêwangunanipun wadhah mangsi wau warni kalih, inggih punika wangun saèmpêr kados masjid, tuwin kadosdene manggis mawi garan panjang kangge wadhah sêtalpèn, mila wadhah mangsi kalih warni punika, katêlahipun nama wadhah mangsi: mêsjidan, lan manggisan.

Para murid-murid wau manawi sampun dhatêng nglêmpak, sarta sampun linggih têmu gêlang angêpang gurunipun, guru lajêng wiwit maos kitab, mawi dipun jawèkakên saking satêmbung, saha lajêng kaandharakên pikajênging suraosipun, dene para murid namung sami mirêngakên, lan anyathêti punapa sêsorahipun guru, panyathêtipun punika kawastanan: ngêsahi. Dados ngaos kala jaman samantên punika, bakunipun namung ngudi sagêd maos kitab, lan [la...]

--- 821 ---

[...n] mangrêtos dhatêng suraosipun, amila sanadyan sampun kawical sagêd, tuwin mangrêtom,mangrêtos. kathah-kathahipun sami botên sagêd wicantên cara Arab, kajawi namung sagêd sawaid, kalih waid.

Liburanipun botên ngaos.

Kabingahanipun para murid, ing sabên sontên, namung sami mlampah-mlampah wontên margi agêng sakiduling pondhok, anggènipun nêmbungakên, nglèncèr. Dene sêsawanganipun ing ngriku, ingkang katingal namung rêdi Liman, rêdi Klothok saurutipun, lan sêsawangan wana ing Gênjèng, katingal kêthèk, lutung pating plangkrong sami oyak-oyakan. Dene ingkang nglèncèr dhatêng kitha awis-awis sangêt, jalaran epahaning dhokar salampahan kemawon, wolung ece saêcèk (wolung kêthip gangsal sèn). Mila manawi dhatêng kitha namung kalamôngsa bilih nyadhong pos wisêl, utawi murugi bêstelan dhatêng sêtatsiun Nganjuk.

Dene bêbih-têbihingtêbih-têbihing. klenceran, namung mlampah-mlampah dhatêng pêkên (Brêbêg) bilih pinuju pêkênan (Kliwon) ngiras têtumbas kabêtahan, utawi blônja tumbas: janganan (sayuran) bumbu, ulam, sapanunggilanipun kabêtahaning pawon. Mila manawi pinuju dintên pêkênan (Kliwon) punika ngaosipun wêdalan (wêton) wiwitipun siyang, minôngka suka kalonggaran dhatêng murid. Amargi limrahipun ing pondhok, blônja dhatêng pêkên têtumbas ulam, bumbu tuwin sayuran, dalah sakêlan sarta ngliwêtipun pisan, punika ingkang nindakakên inggih murid jalêr sadaya, jalaran ing pondhok pancèn sêpên tiyang èstri.

[Iklan]

Dene liburipun botên ngaos namung sabên dintên Jumuwah. Manawi pinuju dintên libur punika, para santri sami sênêng-sênêng, wontên ingkang brêjanjèn, slawatan jamjanèn (lagu Jawi Panaraga), lan wontên ugi ingkang sami dêdolanan wontên ing plataraning pondhok, kados ta: bintèn, ajar main selat (pêncak) lan kasênêngan sanès-sanèsipun miturut caranipun piyambak-piyambak, mila suwaranipun inggih botên kirang rame. Kenging sinêbut, taman santri.

Andharan nginggil punika, mugi kagalih kadosdene dongèng, amargi ingkang kagêlarakên wau, sayêktosipun kawontênan taun 1831 ingkang sampun kapêngkêr.

S.K.

--- [822] ---

Bab Kasarasan

Sêsakit Edaning Sêgawon Hondsdolheid

Sambêtipun Kajawèn nomêr 52

Ing panggenan ingkang wontên sêsakit punika botên kenging utawi dipun awisi ngêdalakên kewan sêgawon, kucing lan kêthèk dhatêng sanès panggenan, dhatêng nagari utawi dhistrik. Mila ing wêkdal punika pulisi inggih anjagi grobag, dhokar, dhemo lan mobil ingkang mêdal saking kitha Sêmarang dipun priksa, punapa botên ambêkta kewan-kewan wau. Baita utawi kapal api botên kenging ambêkta kewan wau dhatêng sanès pulo (mirsanana ing bab sêsakit edaning sêgawon lan Stbl. 302 ing taun 1915).

Ing taun 1895 Dr. Pasteur yuswa 75 taun seda, têmtu kathah nagari sami belasungkawa, amargi tuwan Dr. Pasteur punika satunggiling priyantun ingkang misuwur ing sangalam donya, dening sagêd mitulungi ngalisakên gêsangipun têtiyang donya saking sêsakit nular, saya tumrap sêgawon edan, jampinipun vaccin ngantos sapriki kangge ing nagari pundi-pundi.

Kacariyos sugêngipun dhoktêr Louis Pasteur punika pancèn anggawokakên ingatasipun tiyang sanès dhoktêr, namung gadhah ngèlmu pamisah tuwin ngèlmu wawasan kawontênanipun bacterie (Scheikundige en bacterioloog) sagêd adamêl wêwaton bab kawontênanipun sêsakit ingkang sagêd nular punika, jalaran saking kruma utawi bacterie baksil.

Ing sarèhning ing taun 1860 panjênênganipun Tuwan Louis Pasteur dèrèng kasêbut dhoktêr môngka gadhah pamanggih, yèn ing pundi-pundi panggenan mêsthi wontên bacterie utawi baksil ingkang sagêd adamêl sakit utawi pêjahipun tiyang utawi kewan, saha barang-barang têtêdhan kados ta: toya ingkang lêgi tuwin sapanunggilanipun sagêd kêcut mambêt utawi bosok, punika jalaran kalêbêtan bacterie. Pamanggihipun ingkang makatên punika ing jaman samantên dados pêpoyokan saha panyêla dhatêng Tuwan L. Pasteur wau.

[Grafik]

Prabot microscoop kangge mriksa baksil ing daginging kewan.

Awit saking rikuhipun panjênênganipun Tuwan Pasteur lajêng pindhah saking Parijs adêdalêm ing dhusun, prêlu nyingkiri godha pamoyok lan panyêlanipun para dhoktêr wau, sagêda têntrêm anggènipun nyinau lan ngudi kruma wisa utawi bacterie ingkang sagêd mêngsah mitulungi dhatêng tiyang utawi kewan-kewan.

--- 823 ---

Mênggah kawontênanipun bacterie punika warni kalih.

1. bacterie ingkang tangkar-tumangkaripun dados mêmêngsahan lan ngrisak êrahipun (bloedcellen) tiyang utawi kewan.

2. bacterie ingkang mêmêngsahan kalihan bacterie, ingkang lumêbêt ing lêgèn sagêd dados lêgèn kêcut (cokak) kêtan ingkang sampun dipun ratêngi dipun dang dipun sukani ragi, lajêng sagêd dados tape, salajêngipun sagêd dados arak utawi alcohol. Ing septictank yèn botên wontên bacterie ingkang sagêd mêngsah dhatêng baksil ingkang ambêbayani ingkang dados wisa sêsakit, têmtu botên sagêd dipun tanggulangi utawi botên sagêd sirna.

Sampun kapratelakakên ing ngajêng, saking pamanggihipun Tuwan Pasteur ing pundi-pundi panggenan, barang pangangge, ing tangan utawi sanèsipun mêsthi wontên bacterie utawi baksil, mila dhoktêr lan pambantunipun (asistèn) verpleger tuwin vroedvrous, kêdah damêl rêsiking tangan lan rêsiking prabot (instrument) sarana dipun godhog, supados botên sagêd nulari rêrêgêdipun (wisa sêsakit) dhatêng têtiyang ingkang dipun dêmèk, dipun priksa utawi dipun tulungi.

Barang têtêdhan utawi toya ingkang dipun ombe tiyang, amurih awètipun kêdah dipun bêntèri, sasampunipun lajêng dipun wadhahi sarta dipun tutupi ingkang rapêt sampun ngantos kalêbêtan bacterie, yèn sagêd makatên têmtu barang-barang wau sagêd kiyat dipun simpên dangu sarta botên mambêt utawi bosok, kadosdene susu, ulam, sayuran ing blèg, anggur ing gêndul utawi sanèsipun dipun simpên ngantos taunan botên risak botên mambêt utawi bosok, janji wadhahipun botên risak (borot) utawi pêcah. Mila barang têtêdhan utawi ombèn-ombèn, ingkang sampun dipun bêntèri kenging dipun awètakên, namanipun pasteuriseeren punika asli saking asmanipun Tuwan Pasteur wau.

[Iklan]

Tuwan Louis Pasteur punika sakawit sagêd manggihakên jampi suntikan kangge nanggulangi sêsakitipun lêmbu lan menda sakit miltvuur, nanging ingkang prêlu lan misuwurakên asmanipun Pasteur punika saking anggènipun ngudi lan manggihakên jampi suntikan sêsakit edaning sêgawon.

Ing taun 1886 ing Parijs wontên tiyang èstri dipun poto (operatie) dening Dr. Frederic pêjah (tiwas) jalaran sêsakit infectie (katularan baksil), jalêripun tiyang èstri ingkang tiwas wau botên trimah, lajêng nêpsu, Dr. Frederic dipun pistul ngantos pêjah. Badhe kasambêtan

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 824 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Sêndhang Pancuran Sidamulya

Sambêtipun Kajawèn nomêr 52

Cagakipun pilar ingkang iyasa R.Ng. Tarupraceka, tutupipun keyong ingkang iyasa lurah dhusun ing Ngrukuh namanipun kêsupèn, tutup keyong wau tinêngêran ing côndrasangkala: tataning pangrasa ngèsthi tekad.Sengkalan: tataning pangrasa ngèsthi tekad [1865 A.J., 1934/1935 A.D.].

Petanging cacahipun undhak-undhakan saking plataran nginggil dumuginipun ing lèpèn ± tundha 30, sadumugining lèpèn lajêng mangetan sakêdhik sampun dumugi ing pancuran, urung-urungipun taksih dêling pêtung. Papanipun siram ancik-ancik sela itêm ingkang dèrèng tinata. Sakiwa têngênipun saha sanginggilipun pancuran dipun tutupi ing gêdhèg dêling.

Rikala kula dhatêng ing sêndhang Sidamulya ngriku nuju ing dintên Ngahad jam 3 siyang, nyumêrêpi tiyang-tiyang sami nênêpi wontên ing bangsal panêpèn, wontên ing langgar, ugi wontên ingkang tilêm wontên ing jogan sawingking langgar tanpa lèmèk punapa-punapa, sajakipun kok inggih katingal sêkeca (isis) jrambah wau nyata pancèn rêsik gumrining angrêsêpakên, katatanan pasangan sela ampyangan. Dene tiyang-tiyang ingkang prêlu adus saha mêndhêt toya pancuran tanpa wontên kêndhatipun, sami arêbat ngajêng. Wontên tiyang tiga saking Pundhong (Ngayogya) ingkang satunggal sakit mripat, dhatêngipun mriku sarana katuntun, kônca ingkang kalih sami gadhah panuwun piyambak-piyambak, kajawi namung badanipun piyambak ingkang mangrêtos. Tiyang ingkang wuta wau sampun sipêng tigang dalu, padamêlanipun namung tansah adus saha ngunjuk toya pancuran wau. Wusana sapunika lajêng sagêd sumêrêp rêgêmênging tiyang, wit-witan saha tanêman, minggah mandhapipun dhatêng lèpèn tanpa dipun tuntun malih sampun sagêd lumampah piyambak.

Wontên malih ujaring bakul sambiwara, putranipun satunggaling priyantun dhoktêr sakit bêngkoyok ing badanipun, sarêng sampun dipun sirami toya sêndhang Sidamulya ngriku inggih lajêng saras, kabaripun priyantun wau inggih badhe maringi têtêngêr wontên ing capuri ngriku, minôngka pratandhaning bingah, kilap badhe awujud punapa calonipun.

Dados kawontênanipun dhusun Pandhanan sapunika rêja, têtiyangipun gampil ngupados panggêsangan, sabab ing dhusun ngriku kêrêp kaambah tiyang saking môncapraja ingkang lajêng têtumbas kabêtahanipun. Kajawi saking punika sabên wontên kaprêluanipun dhusun inggih lajêng manggèn wontên ing bangsal Siswa Martadarsana wau, upaminipun pakêmpalan dhusun, brêsih dhusun lan sapanunggilanipun. Ing môngka sabên wilujêngan brêsih dhusun, tamtu mawi ringgitan lampahan Baratayuda. Dados inggih sampun mungguh sangêt, kathahipun tiyang ingkang sami ningali timbang lan kobèting bangsal ingkang blak-blakan.

Nitik gumêlaripun rêrakitaning capuri sêndhang Sidamulya tamtunipun panjênêngan sadaya lajêng sagêd andugi-dugi mênggahing kaelokanipun, jêr kawontênanipun [ka...]

--- 825 ---

[...wontênanipun] angagètakên, tiyang saking pundi-pundi sami damêl yêyasan wontên ing ngriku ingkang tapsiranipun botên kirang saking dasanan ewon rupiyah, tur wontên salêbêtipun jaman malèsèd punika.

Wusana tutuping atur kula punika yèn wontên kalacuting ginêm saha dêgsura sampun kirang gênging pamêngku. Awit kula darma amèngêti dhatêng ujaring bakul sambiwara saha para sewaya ingkang andon lêlana mriku.

K 5378

Blilu Tau

Anggitane Wiryawiarja

Sambêtipun Kajawèn nomêr 50

[Pangkur]

Prasasat kaya wong wuta / wuwuh-wuwuh atine tansah miris / pijêr mèh tiba kêgriyul / ora digawe rasa / sing dicipta luwara saka pakewuh / barêng têkan jaban desa / atine ayêm sathithik //

pandêlênge rada padhang / gone mlaku rada digêlak sithik / durung rumasa yèn bingung / lakune ngulon bablas / uwis suwe ora ana wong kêpêthuk / sabawane ora ana / Si Wana krasa ing ati //

sadalan-dalan anggagas / dhuh cilaka têmên awakku iki / lara wirang tumpuk undhung / ngêlumpuk mênyang awak / mau mula siwa karsa sing amblithuk / wong dijiyat dikon utang / jêbul mung arêp ngapusi //

kandhêg anggone anggagas / marga krungu wong omong lirih-lirih / Wana mandhêg gone mlaku / nyalimpêt pinggir dalan / nuli wêruh rêgêmênging wong lumaku / wong loro omong-omongan / Si Wana amasang kuping //

pangrungune bisa cêtha / banjur ngrêti rêmbuge siji-siji / wong sing siji kojah gupruk / anggone mênyang pasar / saka pasar mulihe mampir ing warung / ana warung nêmu bêgja / jare nyandhung buta mati //

anggrumut wong turu nglekar / bisa slamêt olèh dhuwit saringgit / dhuwit diijoli palsu / wujude ora owah / Wana kagèt krungu kojah ngono iku / atine karasa panas / arêp muring ora wani //

barêng wong mau wis ilang / Wana mêtu saka ênggone nyingid / sarta nêrusake laku / karo tansah anggagas / e, e, e, e, dadi sing gawe kojurku / satêmêne dudu Siwa / jêbul wong sing kojah kuwi //

ki mau mungguh ijèna / sakêlarku wis masthi dak tandangi / iya lêganing atiku / mangkono gone gagas / dhèk samana wiwit grimis kêpyar-kêpyur / wasana malah brês udan / Wana klocut thili-thili //

sangsaya bangêt nalôngsa / ngrasakake gone cilaka mêncit / gagasane banjur lucu / bungah disambêr gêlap / yèn wis mati kari êmbuh ora wêruh / jare timbang kawirangan / aluwung enggala mati //

barêng udane wis mêndha / kêbênêran rêmbulan andhadhari / mancorong ing dhuwur gunung / ing godhaganing mega / kala-kala kaling-kalingan ing mêndhung / sadhela padhang sumilak / madhangi lumahing bumi //

pandêlênge Wana cêtha / banjur bisa wêruh ing ngêndi-êndi / sauwat [sau...]

--- 826 ---

[...wat] nyipta kêblusuk / atine ewuhaya / mungguh bali bakal kêpêthuk sing marung / ora wurung kêwirangan / yèn têrus gèk têkan ngêndi //

suwe-suwe sida nekad / têrus bae ya êmbuh têkan ngêndi / nuli lon-lonan lumaku / kèlingan sing ditinggal / saiba ta olèhe angantu-antu / lan susahe kaya apa / anggagas lungaku iki //

Si Wana têrus anggliyak / panggagase môngsa bodhoa uwis / kocapa barêng byar esuk / wis mèh têkan nagara / turut dalan akèh barêngane mlaku / kabèh padha anggêgawa / sing mêmikul pating krêngkit //

Wana bungah sêmu samar / wuwuh-wuwuh akèh sing digumuni / pikirane nganti bingung / lakune salewengan / sabên wêruh têtunggangan kagum-kagum / kêdandapan nêbas-nêbas / numbuk uwong dinêsoni //

barêng têkan jêron kutha / saya bangêt anggone ambingungi / wêruh apa-apa gumun / aloke tanpa kêndhat / ya mangkono patrape uwong balilu / disaru saya andadra / dièsêmi ora ngrêti // Ana candhake

LOTERIJ

[Grafik]

--- 827 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Wawasan Badhe Bidhal dhatêng Paboyongan

I

Garèng : Tak pikir-pikir, Truk, kowe kuwi duwe saradan sing ora sêmanak bangêt, kaya ta: arêp lunga adoh, kok iya mak klunthung ngono bae, dalasan mulihe, kok iya: nglunthung. Ambok iya duwe kogêl sathithik marang sêdulure lanang, gumunku kuwi kok iya ora. Ingatase saka Ngayoja, Surakarta barang, ambok iya ngogêli barang sacuwil bae, rak iya wis kêtrima bangêt yèn sadulur kuwi, ora prêlu akèh-akèh, rak iya wis narima bangêt, sanadyan mung dicangkingake tèh mèrêk: 99 ana ka sêpuluh bungkus, gula batu wis cukup mung limalas kati...

Petruk : Wayah, apa niyat dikordikon. kulak gula tèh. Nèk jênêng sadulur kuwi, yèn wêruh sadulure mêntas lêlungan adoh, mulihe slamêt ora kurang siji apa, kuwi wajibe rak wis kudu ngucap: alkamdulillah sing nganti rindhik kae.

Garèng : O, wong rupane kaya: martabak, mulane iya ora anduwèni kogêl nyang uwong. Wis, wis, nèk tak banjurake rêmbuge bab iki, ora wurung mung gawe munag-munêging wadhuk bae. Ora, Truk, aku arêp takon nyang kowe, sadurung-durunge lunga, rak wis kogawe programah luwih dhisik, arêp nyang: Ngayoja, Sala, Mêdiun, Kêdhiri, lan êmbuh nyang ngêndi manèh, nanging dumadakan aku krungu kabar, lagi têkan Sala bae, kowe banjur: ing, ing, mari pulang..., sajake banjur wis katonên Makne Kamprèt bae.

Petruk : Yak, kathik dianggêp pangantèn anyar bae, ora bêtah pisah. Ora sabab iki, Kang Garèng, kang anjalari aku tumuli mulih kuwi, nanging sabab saka dening pirang-pirang prakara.

Garèng : Wis ngrêti aku, Truk, wong iya nyang Sala, mêsthine: banyak plêsir-plêsir, wusanane durung-durung sangune wis bobol ana ing Sala kono.

Petruk : Hara, Kang Garèng, ambok aja guru-guru: ora-ora diarani, loso, loso, mêngko nèk banjur: suwe-suwe nêmênani, loso. Murih aja didakwa sing ora-ora, bêcike tak têrangne sabab-sababe aku enggal-enggal mulih kuwi, yaiku: 1e. ana ing Ngayoja aku nglongok ana ing têlung panggonan, yaiku ing: Nanggulan, Watês, lan ing Sleman, kanggo kaprêluanaku, [kaprêluanaku...]

--- 828 ---

[...,] apa sing tak alami ana ing têlung panggonan kono: sêtali tiga uwang, alias, padha mawon. Ana ing Surakarta sing tak tongton rong panggonan, yaiku ing: Ngadiraja, lan ing Baturêtna, loro-lorone bawah Wanagiri, ing kono iya sami wae, malah ora beda karo ana ing Ngayoja.

[Grafik]

Garèng : O, iya jurnalis ambêkokrokane, yèn ora bisa ambedak-bedakake siji lan sijining panggonan kuwi. Tumrape jurnalis sing gêmblengan, sanadyan sumurupa yèn wujude wong sing padha lagi mêthongkrong ana ing... kalèn kuwi ing ngêndi-êndi padha bae, nanging gêgambarane tumrap siji-sijine mêsthi bisa ambedak-bedakake, kaya ta: sing siji upamane, ora wani apa-apa, dalasan ngrokok bae mêksa ora wani, ing batin mung nênuwun marang Ingkang Kuwasa, supaya pinaringana slamêt ora kurang siji apa. Nanging iya ora kêna maca rapal-rapal saka ing Koran. Sijine manèh, wujude mono iya padha, nanging ora mênêng gêtêm-gêtêm, dalah nglenggengan andhandhanggula mangkene: apa ana enake ta kaki / esuk-esuk anyangking têgêsan / têgêsan bêngi wus ngêndhog...

Petruk : Salah, Kang Garèng, ora tiba taling tarung, nanging tiba taling. Yah, ora jangji yèn banjur ngrêmbug sing ora-ora mêngkono. Sing tak arani ing ngêndi-êndi padha bae kuwi mau, sing kanggo kaprêluanaku nonton ing panggonan-panggonan mau, yaiku: carane nari wong-wong sing arêp padha boyong nyang tanah sabrang ana ing panggonane dhewe-dhewe kono, lo, kiyi prasaksat ora ana bedane babarpisan, iya ing bawah Ngayoja, apadene ing bawah Surakarta. Nèk dipikir dawa, iya mêsthi bae sathithik-sathithik ana bedane, nanging ora sapiraa. Nanging bab kiyi mêngko dirêmbug manèh, saiki tak ngandhakake dhisik sababe aku enggal-enggal mulih kuwi mau.@2e. Ana ing ngêndi-êndi panggonan kuwi, aku tansah rumasa kayadene wong jagong (kondangan) kang ora olèh ulêman, dadi iya rada clila-clili.

Garèng : Lo, kok anèh, ta Truk, lungamu nyang ngêndi-êndi kuwi mau, rak dudu karêpmu, nanging olèh parentah saka ing dhuwur, dadi nyang ngêndi-êndi iya ora beda karo dhayoh sing olèh ulêman bae. Ora Truk, kowe rumasa mêngkono mau kuwi, apa ana ing kanane, liya-liyane padha srutap-srutup lan lêgêndêr-lêgêndêr, nanging kowe mung dikon ongab-angob lan ngêlêgi idu bae.

--- 829 ---

Petruk : Wayah, kaya sing ditêkani dudu priyayi Jawa, sing wis kacêluk ing saindênging bawana, dhêmên tamu, mulane tumrap bab sing kokandhakake mau, aku ora kapiran, malah mèlu ropyan-ropyan, Kang Garèng. Nanging iki mêngko bae manèh. Saiki tak banjurne dhisik, anggonku carita sabab-sababe aku enggal mulih mau.@3e. Aku kawatir yèn kabanjur anggonku mongkok.

Garèng : Wèh, judhêg pikiranaku, kêbanjur mongkok sing kêpriye, Truk.

Petruk : Lo, kuwi mangkene, Kang Garèng, kaya sing wis tak kandhakake sadurunge pangkat, lungaku kuwi barêng karo bangsane kangjêng tuwan-tuwan bae. Saka Ngayoja utawa saka Sala mênyange ing panggonan-panggonan sing dituju, kuwi malah diirit dening kangjêng tuwan-kangjêng tuwan ing kono. Jalaran lungaku karo kangjêng tuwan-kangjêng tuwan mau, kang ana ing ngêndi bae olèh pakurmatan, aku iya banjur katut mèlu olèh pakurmatan. Bokmanawa sathithik-sathithik ing kala samono jênggêrênge aku rada mambu: priyayi gêdhe.

Garèng : Ru-pa-mu. Ana pikirane têka banjur pênthêlas-pênthêlus mêngkono, bokmanawa suwe-suwe, dupèh ana ing ngêndi-êndi olèh pakurmatan, banjur mêntala nyuwara: idug busèt, e-na-ke. Mulane bab kiyi ora prêlu dirêmbug sing nglênthar. Luwih bêcik saiki caritakna wawasanamu anggonmu ing ngêndi-êndi panggonan aniti carane anari wong-wong kang arêp padha pindhah nyang tanah sabrang.

Petruk : Wah, iki rada ngaluk-aluk, Kang Garèng, amrih gamblange kaya-kaya luwih bêcik tantak. wiwiti saka kawitan pisan, yaiku saka têkaku ing Ngayoja nganti sabanjure.

Garèng : Sing prêlu-prêlu bae, Truk. Yèn lim-liman ana ing rèsturan Yulianah upamane, kang kanthi diladèni ing pêrawan-pêrawan sing sêngklik-sêngklik ora susah kocaritakake.

Petruk : Wayah, Kang Garèng kiyi kathik bisa mambu bae. Nèk arêp wêruh, Kang Garèng, iki nyambut gawe cara Lônda. Karêpe: wong nyambut gawe kuwi aja gêtêm têrus-têrusan, nanging kudu disêlani sênêng-sênêng sawatara, prêlune cikbèn aja enggal tuwa. Mung bae sênêng-sênênge kuwi iya kudu sing murwat, aja nganti gawe rusak awake. Mara, dêlêngên bae carane bôngsa Walônda nyambut gawe. Salagine nyambut gawe, iya prasaksat êndhas digawe sikil, sikil digawe sikil, saka dening gêtême nyambut gawe. Nanging kalane nganggur, iya digawe sênêng-sênêng, apa iya gêguyon karo anak bojone ana ing ngomah, utawa mlaku-mlaku nyang parêk, nonton gambar idhup, lan sapadhane. Anggêre aja niru bae anggone... abuk-abukan.

Garèng : Hus, wong sêmbrana, kathik banjur anggarap sing ora-ora mêngkono. Wis, aja kakehan carita, saiki tumuli wiwitana bae dongenganamu.

--- 830 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI

Srêmpêngan anggarap papan anggêgana. Wontên wartos wiwit wulan punika panggarapipun papan anggêgana ing Kêmayoran, Bêtawi, dipun sêngkakakên, jalaran ingkang sampun tansah kandhêg dening jawah, tumindaking damêl wau ngantos mawi nglêmbur punapa.

Badhe ngangkati guru malih. Wontên wartos, botên dangu badhe kawontênakên tatanan, tumrap guru ingkang nganggur, ingkang umur 21 dumugi 36 badhe kadadosakên guru malih.

[Grafik]

Jaarbeurs sampun kabikak. Jaarbeus ing Bandung kêlampahan sampun kabikak, ingkang murwani mêdhar sabda pambikak Tuwan J.E. Jasper. Suraosing sêsorah, wosipun ing bab wontêning Jaarbeurs punika wohipun adamêl kamajêngan ingatasing panggêsangan, awit ingriku ngêtingalakên ing bab kawontênan ingkang sagêd anênangi dhatêng pangudi warni-warni.

Sawung bal-balan saking Tiongkok badhe dhatêng tanah ngriki. Wontên wartos, sawung bal-balang Nan Hua saking Hongkong badhe dhatêng tanah ngriki. Wontên ing Bandung badhe nandakakên têtandhingan kalih rambahan, ing tanggal 31 Juli tandhing kalihan Sparta. Kaping kalihipun kalihan V.B.B.O., wontên tanggal 1 Augustus.

Rêdi Cêrimai nyamari. Miturut wartos saking Cirêbon lumantar telefoon, ing malêm tanggal 28 Juni kêpêngkêr, wanci jam sêtêngah pitu sontên, rêdi Cêrimai ngêdalakên kukus, sabên sadasa mênit sapisan ngêdalakên kukus ingkang katingal cêtha. Miturut katrangan saking papriksanipun Rêsidhèn Cirêbon tuwin Dr. Neumann van Padang, ing dintên Jumuah tuwin Sabtu kêpêngkêr wontên jêblosan kawah ing sisih wetan. Nalika njêblos sapisan pinanggih wontên kawahipun kalih, nanging sarêng njêblos kaping kalih, kawah wau dados satunggal malih. Nanging kawontênanipun botên nyamari.

Angsal-angsalan Pakaryan Post. Wiwit Januari dumugi Mèi kêpêngkêr, angsal-angsalanipun Pakaryan Post, tumrap post f 5.349.625,-, tumrap telegraaf f 2.000.010.-, telefoon f 3.097.566.-. Dene Januari dumugi Mei taun 1936 tumrap post f 5.108.376.-, telegraaf f 1.724.166.-, telefoon f 2.788.591.-.

Kêsasar dhatêng rêdi. Nyonyah Conrad asli saking Bêtawi tuwin anakipun èstri sami sipêng wontên ing hotel Cisurupan. Ing tanggal 24 Juni nyonyah wau dhatêng kabudidayan Pamêgatan dhatêng panggenanipun mitranipun, nanging botên pinanggih ing griya, salajêngipun nyonyah wau lajêng minggah dhatêng rêdi Mandalagiri. Sarêng dumugining wanci nêdha botên katingal dhatêng, lajêng dipun padosi, salajêngipun dipun padosi dening pulisi tuwin punggawa Pakaryan Wana ingkang dipun tindhihi dening houtvester tuwin kuli 100 saking Pamêgatan, nanging mêksa botên pinanggih.

Kabantokakên yasa babad Surakarta. Miturut wartos, Mr. R.M. Raspiya, ingkang nêmbe wangsul saking Eropa, putranipun K.R.M.H. Wuryaningrat, ingkang lajêng kapatah tumindak ing damêl wontên gêdhong Sasana Wilapa, inggih punika kantor babagan sêsêratan salêbêting kraton Surakarta, awit saking kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana, kabantokakên dhatêng K.R.T. Wedyadiningrat, ingkang kadhawuhan yasa babad ingkang gêgayutan kalihan adêging karaton Surakata.

Vroedvrouwencursus. Ing sarèhning ing sapunika sampun kathah wanita wêdalan Mulo, ing rantaman waragad tanah ngriki taun 1938, nglêbêtakên rantaman badhe damêl vroedvrouwencursus tumrap para wanita wêdalan pamulangan wau, lamining sinau tigang taun. Benjing pangajaran taun 1938 nampèni murid 20. Dene papanipun pasinaon badhe katêtêpakên dening Pakaryan Kasarasan. Sabên murid badhe angsal waragad f 15.- sabên wulan.

Darma saking Kangjêng Nyonyah Gupêrnur Jendral. R. Ayu Sumadipraja, garawnipun ingkang Bupati ing Bêtawi, mêntas damêl bazaar kangge Asib wontên ing dalêmipun. Ing bab punika, panjênêngan dalêm Kangjêng Nyonah Gupêrnur Jendral paring darma f 200.

--- 831 ---

Anggêgana mirunggan dhatêng Manila. Ing dintên Sabtu punika, motor mabur Knilm, ngawontênakên lampah mirunggan saking Surabaya dhatêng Manila ambêkta Tuwan Marsman tuwin tiyang sanès tiga, sami punggawaning Knilm, lampahipun mampir Banjarmasi, Balikpapan tuwin Tarakan. Kintên-kintên wanci jam 6 sontên sampun dumugi ing Manila. Ing dintênipun Ngahad jam 9 enjing bidhal dhatêng Tarakan mampir Ceba. Ing dintênipun Sênèn lajêng nindakakên lampah anggêgana kados adat saking Tarakan dhatêng Bêtawi.

Dialect Banyumas. Wiwit kala wulan April 1935, tuwan S. Hadiwiyata, guru H.I.S. ing Purbalingga kathah anggènipun nglêmpakakên basa dialect Banyumas. Ing sapunika tindhakipun wau dipun wigatosakên dening Dr. C. Pigeund, ambtenaar babagan basa saking Departement Pangajaran, ing Ngayogya. Malah lajêng tampi dhawuh supados nglajêngakên damêl sêrat karangan ingkang mawi basa Banyumas thok. Kajawi punika, Tuwan S. Hadiwiyata ugi tampi dhawuh supados nglêmpakakên cara-cara ingriku, ingkang asli, kados ta ringgit lêsung tuwin braèn.

Sampun kathah têtiyang ingkang kêcêpêng. Sampun kêrêp kawartosakên bilih ing bawah Bêtawi sisih wetan kathah durjana ingkang ngantos adamêl tintrim. Miturut wartos wiwit tanggal 20 Maart dumugi 15 Juni kêpêngkêr, sampun wontên têtiyang cacah 277 ingkang dipun cêpêng dening patroli militèr tuwin pulisi, kajawi punika taksih wontên malih ingkang dipun cêpêng cacah 355. Dados ingkang sampun dipun cêpêngi sadaya wontên 632. Cacah samantên punika pinanggih saking golongan warni-warni. Saking kathahing durjana ingkang kêcêpêng wau, anjalari bêntèring manahipun golongan durjana, mila kêrêp wontên rajapêjah ingkang jalaran saking tindaking durjana, ingkang ngintên bilih tiyang ingkang dipun pêjahi wau suka sumêrêp dhatêng ingkang wajib.

Museum Parahiyangan. Kawartosakên, ing Bandung wontên comite ingkang akajêng badhe ngêdêgakên museum ingkang dipun namakakên Parahiyangan, manggèn ing Bandung. Museum punika kadosdene panging Wiranatakusumahstichting, tuwin akajêng badhe nglêmpakakên tuwin ngrimati barang-barang saking tanah Pasundan.

Tosan sêpuh ing Cirêbon sampun têlas. Ing salêbêtipun wulan Juni kêpêngkêr, wontên tosan sêpuh ingkang kasade ing Cirêbon katingal sampun sêpên, para juru kilak sampun sami kèndêl. Ing bab punika, pangrèh praja anindakakên tatanan sampun ngantos wontên tiyang sade prabot tosan ingkang kenging kangge anggarap padamêlan, upaminipun pacul. Awit manawi kêlampahan ngantos makatên, badhe damêl kapitunan piyambak, upami pacul ingkang sampun risak, punika kenging dipun dandosakên langkung mirah tinimbang têmbus enggal.

Darah Madura nyuwun wangsuling tatanan lami. Ing Bangkalan mêntas wontên parêpataning para darah Madura. Pinanggihing rêmbag wontên ingriku mêdharakên: 1 ing bab icaling Vorsten-Bestuur Madura, kawrat ing kêkancingan 22 Augustus 1885 No. 2/c. 2 Ing bab pinanggihing darah Madura tuwin rakyatipun. 3. Badhe gadhah panyuwun dhatêng parentah tanah ngriki, supados kaadêgakên malih Vorsten-Bestuur Madura kados ingkang sampun, mirid kadosdene karajan Boni, Goa tuwin Bali.

Kyai Caringin tilar donya. Sampun sawatawis dintên Kyai Caringin (Haji Asnawi) ing Bantên, tilar donya ngumur 80 taun. Sangajalipun kyai punika têtiyang ing Bantên ngrumaosi kecalan sêsêpuh saha guru ingkang linangkung. Kala sugêngipun kyai wau sakalangkung dipun suyudi ing têtiyang. Kala ing taun 1926 nate dipun singkirakên dhatêng Cianjur ngantos 3 taun, nanging wusananipun kaparêngakên wangsul.

Kapal Surabaya. Kapal Surabaya, inggih punika kapal ingkang kangge pangajaran, ingkang rumiyin jaman Zeven Provincien, ing tanggal 3 tuwin 4 wulan punika badhe labuh wontên ing Sêmarang.

[Grafik]

Maargya B.K.P.H. Suryohamijoyo. Inginggil punika ngêwrat gambaripun B.K.P.H. sêkalihan garwa R.A. nalika kondur saking nagari Walandi, dumugi ing sêtatsiun Solo Balapan lajêng nitih kareta kraton sarana kapaargya agêng-agêngan. Ing samargi-margi dipun urmati ing têtiyang kathah.

NAGARI WALANDI

Rajaputri Juliana tampi bintang. Miturut wartos, wêwakil Polen mêntas ngaturakên bintang kaluhuran Garudha Seta saking praja Polen. Kosokwangsulipun adviseur ministeri babagan sajawining praja Polen, S. Zaleskie tampi bintang saking praja Nederland awarni Commandeurskruis der Huisorde van Oranje.

Badhe mitulungi kasangsaran. Motor mabur Specht ingkang bidhal saking Schiphol tanggal 26 Juni, wontên têtiyang bangsa Jêrman ingkang tumut numpak dumugi Karachi, sami tiyang ahli minggah rêdi, nama Fritz Bechtold tuwin Paul Baur. Sadumuginipun ngriku badhe lajêng dhatêng Lahore, pêrlu badhe suka pitulungan dhatêng para ingkang sami minggah rêdi Himalaya, ingkang dèrèng dangu kasangsaran.

AMERIKA

Pogokan. Golonganing bêrah ing Chicago sami mogok, awêwaton nêdha indhaking blanja. Burgemeester ing Chicago lèr gadhah panyuwun dhatêng gupêrnur supados ngintuni wadyabala tuwin nêtêpakên undang-undang paprangan, jalaran saking wontêning pogokan bêrah cacah 19.000, sagêda tumuntên ambikak pabrik malih. Nanging panyuwun wau botên dipun sambadani samangsa dèrèng wontên tandhaning ura-uru. Miturut wartos ingkang kantun, wontên bêrah 15.000 sampun wontên ingkang purun nyambut damêl, nanging ugi wontên ingkang lajêng gadhah tindak rêsah. Salajêngipun taksih dados papriksan murih prayoginipun.

ASIA

Bêbaya bêna ing Tiongkok. Ing Chungking mêntas jawah dêrês, adamêl agênging toya lèpèn Yangste, têmboking kitha Chungking manggih karisakan 20 kaki, jalaran kasêmpyok toya. Sarèhning dhatênging toya bêna mèh enjing, têtiyang ingkang taksih tilêm, dèrèng kobêr ngili, andadosakên tiwas tuwin kêtatoning tiyang 100 langkung, jalaran kathah griya ingkang ambruk. Ing Fukien lèr ugi jawah dêrês, damêl agênging toya ing lèpèn Minkiang. Pulisi ing Foochow nindakakên pajagèn. Salajêngipun bêna ing Fukien sampun mrèmèn dumugi Nanping, kathah tiyang tuwin rajakaya ingkang kèli, kathah lare-lare ingkang kêblabak.

--- 832 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun: Baronesse Orczy

73

Ananging kesah kula punika kanthi lêganing manah, awit nyumêrêpi, bilih wontên ing ngriki panjênêngan botên piyambakan, malah wontên ingkang anjagi, inggih punika tiyang Yahudi ingkang sawêg lèlèh-lèlèhlèyèh-lèyèh. wontên ing sacêlak panjênêngan punika. Mangke manawi sampun gagat enjing, panjênêngan kula purih mêthuk.

Sang putri botên kagungan kakiyatan punapa-punapa, kajawi namung mlengosakên sariranipun.

Panggalihipun sang putri ing kala punika kadosdene dipun rêmêt-rêmêt jalaran saking gênging kuwatosipun. Dene ingkang dipun kuwatosakên botên sanès kajawi ingkang raka Sêr Blakêne kemawon. Mênggah ingkang tansah dados pangudaraosipun sang putri: gèk mênyang ngêndi bae Pèrsi iki, lan kapriye kadadeane Arman.

Sakèndêlipun têtêmbanganing tiyang ingkang mêmuji dhatêng kasugênganipun Sang Nata Inggris, sang putri lajêng botên uninga malih, kadospundi lajênging lêlampahan.

Pungkasaning aturipun Sopêlin makatên: Kanthi gêlaning manah samangke kula kapêksa kêdah nyuwun pamit, dhuh sang putri: mugi-mugi botên watawis dangu malih sagêda pêpanggihan wontên ing kitha Londhên. Kintên-kintên êmbèn-êmbèn punika kula punapa sagêd pêpanggihan kalihan panjênêngan wontên ing pahargyanipun panjênênganipun pangeran pati ing Inggris. Sampun, kantun sugêng. Urmat kula mugi kacaosna dhatêng ingkang raka: Sêr Pèrsi Blakêne.

Sasampunipun ngerang-erang ingkang makatên wau, klayan mèsêm Sopêlin lajêng andhêngklukakên sirahipun minôngka urmat, sarta lajêng kesah saking ngriku.

XXX. Sagêd oncat.

Kawontênanipun sang putri salêbêtipun dhat-dhatan, ewasamantên mêksa sagêd mirêng suwaraning lampahipun tiyang sakawan ingkang enggal-enggal kesah nilar papan ngriku.

Ing kubênganing papan ngriku ing kala punika sêpên nyênyêt, ingkang ing wêkdal dalu wau talinganipun sang putri prasaksat tumèmpèl wontên ing siti, sagêd mirêng lampahipun para prajuritan ton dumugi ing margi enggok-enggokan. Makatên ugi suwaraning rodha grobag ingkang pating krêngkèt, sanadyan sampun sawatawis têbih, sang putri inggih sagêd mirêng cêtha.

Sapintên dangunipun sang putri wontên ing ngriku, panjênênganipun piyambak botên uninga. Ing sêmu sang putri kadosdene sampun botên priksa dhatêng wêkdal babarpisan, klayan mrayang sang putri mriksani manginggil dhatêng padhanging rêmbulan sarwi mirêngakên gumludhuging suwaranipun ombak sagantên ingkang tanpa wontên kèndêlipun.

Nanging mênggah sajatosipun sang putri botên priksa punapa-punapa, kajawi namung nglayung panggalihipun. Sang putri botên priksa, punapa ingkang raka Sang Pèrsi samangke sampun dhawah ing tanganipun para prajurit republik punapa dèrèng. Makatên ugi panjênênganipun botên uninga, punapa sadhèrèkipun kakung Sang Arman sampun tiwas gumlethak wontên ing salêbêting gubug, punapa taksih wilujêng. Malah saya nglangut gagasanipun sang putri, inggih punika makatên: sintên sumêrêp, bokmanawi ingkang raka Sang Pèrsi sagêd oncat saking tanganipun para prajurit, saha lajêng andakwa sang putri, bilih para prajurit wau sang putri ingkang ngirit, murih ingkang raka piyambak, tuwin Arman, punapadene kônca-kancanipun sami sagêda dhawah ing sangsara.

Jalaran saking sayahipun, punapadene ngraos gêrah sariranipun sakojur, ing wusana ingkang dados pangajêng-ajêngipun sang putri, ngêmungakên sagêda seda wontên ing papan ngriku. Inggih punika wontên ing papan ingkang ngilak-ilak tanpa kayoman ing punapa-punapa, sarta wontên ing sacêlaking sagantên ingkang suwaraning alunipun tansah jumêgur tanpa kêndhat.

Sakubêngipun ing ngriku sêpên nyênyêt, ingkang kamirêngan ngêmungakên suwaraning ombak sagantên ingkang pating jlêgur utawi pating kropyak anêmpuh sela karang ingkang wontên ing gisik.

Ing salêbêtipun sêpên nyênyêt wau, dumadakan ujug-ujug kamirêngan suwara ingkang nganèh-anèhi sangêt, sarta bokmanawi salami-laminipun botên nate kamirêngan wontên ing gisiking nagari Prancis.

Saking anèhing suwara wau, ngantos kadosdene kalisiking angin lajêng ujug-ujug kèndêl, makatên ugi krikil alit-alit lajêng botên dhawah malih sanginggiling sela karang.

Mênggah suwara ingkang nganèh-anèhi wau, sajatosipun satunggiling têmbung pisuh, ingkang kêlimrah dipun pigunakakên ing tiyang Inggris ingkang sawêg wontên ing salêbêtipun sangsara utawi susah. Badhe kasambêtan.

--- 101 ---

No. 26, taun VIII

TAMAN BOCAH

INGKANG NGêMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM

RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK

LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN

MANGSULI LAYANG

Tiah Ayu. Bab wêlinge bapakmu wis dakaturake nyang Administratie. Tiah, aku milu mujèkake kowe bisaa munggah nyang Kopschool klas 4.

S. Parlan Glen-more. Wah aku bungah bangêt, dene kowe lan adhi-adhimu padha sênêng maca T.B. Ya Parlan, yèn aku kaparêng bisa nyang Jawa Wetan bakal dakpêrlokake mênyang Glen-more, kang kaya kandhamu, hawane kêpenak.

Susena Klathèn. Susena, apa iya Ibu Mar ora gêlêm ngaku kêponakan kowe, ya gêlêm bangêt, nanging kowe aja sok ndhisiki maca, ngêntèni yè bapak wis rampung. Pêthekanmu kabèh luput, aku dudu S.M., yèn kowe ora ngandêl ya masa bodhoa, nanging pancèn dudu, lan Ibu Mar ora goroh.

Aly Abdul Hamid Kauman Solo. Bangêt andadèkake bungahku kokirimi potrèt rong iji, mêsthine rak iya kowe dhewe sing motrèt ta. Tak trima bangêt!

Paidye Baturaja. Layangmu isi lêlagon wis daktampa kanthi sênêng. Ngirima layang dhewe bae bab ngalihmu, murih cêthane. Di, andak iya kowe ngimpi kêtêmu Bu Mar? kaya apa ramene ya nang impèn?, kêtêmu para sadulurmu lanang wadon, mangka sadulurmu akèh bangêt.

Sri Mastuti. Aku uga tampa layangmu, sing katulis ing Wonosari, bangêt panarimaku. Mêsthine kowe saiki wis bali nang Solo, ya?

Sunaka Tuban. Layangmu wis daktampa kanthi bungah.

Handini Pacitan. Bangêt bungahku dene kowe têmên anggomu ngirimi layang nyang Bu Mar sarta ajêg ora anduwèini bosên. Sukur, dene kowe arêp ngirimi karangan manèh, sing cêndhak lan apik, dakarêp-arêp bangêt, ya Han!

Siti Rahayu Batang. Ti, Bu Mar kirimana adrèsmu sing cêtha. Aku wis nampani pitêpungane adhime st. Rochati lan uga lêluconmu, bangêt panrimaku.

Suroyo Banyumas, Sudarya Bandung, Im. Syuhadi Umar, Purbolinggo. Layangmu isi lêlucon wis daktampa kanthi bungahing atiku. Darya, gêlêm bae Bu Mar ngaku kêponakan kowe. Wah mendah kaya apa ramene ing Bandung, yèn ana Jaarbeurs, ya?

Waijah. Magêlang. Kêtrima bangêt kokirimi layang manèh sarta isi lêlagon.

R.A. Siti Wahyunah Japara. Ti, aku apadene Bu Petruk ora ndhèrèk rama Petruk mênyang Jawa Têngah lan Palembang. Lêluconmu uga wis daktampa kanthi sênêng.

Siti Jariyah Purworêjo. Sukur ing Pangeran, dene entuk anggonmu examen kanggo klas 2 Mulo, sarta bijine apik. Ti, kowe kliru, sing nang portrèt jèjère Bu Petruk, dudu aku. Nalika samono aku ora dhèrèk, pinuju tilik sadulur ing Jawa Têngah. Tênan lo, Ti, aku kirimana portrèt excursie, mêngko gèk mung janji bae.

Mientarsih Sêmarang. Adrèse Kustinah mangkene: Kustinah. p/a A.w. Sawangan, Muntilan, Magêlang.

Mien Satriyani. Bu Mar bok iya dikirimi adrèsmu manèh kang cêtha.

S. Raharja Ngayogyakarta. Layangmu pitêpungan wis daktampa kanthi bungah. Mangsuli pitakonmu: I. Mula iya niyat besuk arêp diimbuhi lêmbarane yèn T.B. wis akèh bangêt langganane, mula kowe ngajaka kanca-kancamu padha jakên langganan T.B. II. Yèn pilêg, aku kok tambane mung Aspirin, dene sok uga nganggo jamu Jawa, yaiku jamu sriawan. III. Kêpandhuan I.J.B. Bu Mar durung krungu, dene nèk K.J.B. lan J.I.B. ya wis ana.

Supirman Wonosobo, Warsono Serbalawan, Medan, Sumardi Kacangan Solo, Sutriman Surakarta. Musthikawarti Subah, Pêkalongan. Kardinah Jatirata. Bangêt bungahku tampa layang pitêpungan saka kowe kabèh, yèn kowe arêp padha milu urun ngisèni T.B., iya bêcik, aku malah bungah. Sumardi, pancèn bênêr omongmu, tinimbang nganggur, angur dhèrèk urun-urun ngisèni T.B., dadi bisa anjèrèng pikiran. Nanging ya aja dadi cilik atimu, upama karangan ora kapacak, iku tandha kurang prayoga utawa isih kudu ngêntèni papan, gêntenan karo sadulur-sadulurmu, mula bocah-bocah aja sok padha kêsusu mangkêl dene karangane ora bisa enggal kapacak, kudu dipikir sing dawa dhisik.

Layang liya-liyane bakal takwangsuli Sêtu ngarêp.

Ibumu Mar.

--- 102 ---

BATANGANE CANGKRIMAN KANG KATULIS NALIKA TANGGAL 19 JUNI.

I. Lukula.

II. Bayi lair lan mayit.

III. Banyuwangi.

Sing bisa ambatang: Rubigdo Malang, Sumaryo Pêkalongan, Suwarni Sêmarang, Musthikawati Subah, Sripendah Rêjotangan, Siti Aminah Ambarawa, Siswomartono Purwokêrto, Sumoyo Surakarta, Srikun Maryati Bojonêgoro, R.A. Sri Sukini Solo, Marwiyati Kêbumèn, Suparja Têgal, R.M. Surarkono Solo, Rahayu Têgal, Sulastri Kuthaarja, Surti Sêmarang, St. Murtiningsih Rêmbang, Mach. Dawami Muntok, Suharja Surabaya, Surtiyah Tayu, Sumardi Kêdhungbanthèng, Sumarlan Surakarta, Herman Iman Sujono Sooryobroto Solo.

CANGKRIMAN ANYAR.

Jênênge gunung 3 ing tanah Jawa.

I. Jênênge gunung ing tanah Jawa Têngah, yèn ditanduri jali, dadi jamur liya.

II. Jênênge gunung ing tanah Jawa Kulon, yèn diênggo ana udan ora kodanan, ana panas, ora kêpanasan.

III. Jênênge gunung ing tanah Jawa Wetan, yèn diijolake bisa dadi lima ping lima.

Sumarlan, Surakarta.

__________

Wanda I + II kosokbaline susah.

Wanda III + IV kêna ditanduri.

Wanda III + II mangane wong pasa ing wayah sore.

Wanda II + IV têgêse aku kabèh (ing basa Mlayu).

Aksara 4. 5. 1. 2. araning kali ing tanah Jawa Kulon.

Aksara 1. 2. 4. 5. araning pabrik pari ing bawah Ngawi.

Aksara 8. 9. 10. kêna diolah, rasane enak.

Aksara 4. 5. 1. 2. 3. 6. têgêse padha karo misuwur.

Aksara 4. 5. 9. 2. 3. kosokbaline aku kabèh (basa Mlayu).

Aksara 9. 7. 8. 4. 5. têgêse rai.

Hara kutha êndi?

Sumardi, Kêdhungbanthèng.

__________

LÊLUCON

Anak: "Hik, bu! aku njaluk sêgane gorèng!"

Ibu: "E, la, iki dhahare bapak, lan isih panas."

Anak: "Hi, hik, bu aku njaluk sêga gorèng sing ora nganggo gêni bae, dadi ora panas."

Ibu: "O iya, iya, dakwènèhi sêga angêt wingi, ya!"

Kooswarsiki Sooryobroto, Solo.

Jongos Bodho.

Juru tulis: "Kring, kring, Hallo! Punapa tuwan doktêr wontên?"

Jongos: "Wontên, karsanipun punapa?"

Juru tulis: "Pêrlu kula aturi sapunika, amargi anak kula ngulu arta têngahan botên purun mêdal."

Jongos: "Manawi namung bab arta satêngah kemawon kula ajrih matur, amargi tuwan doktêr sawêg sare."

Koosamtinah Sooryobroto, Solo.

Mèmpêr Eyange.

Suparto: "Bu, bu! Adhik ki yèn ngguyu kok kaya eyang, ya bu?"

Ibu: "Iya, ora adhik bae sing kaya eyang, kowe barang wong putune ya mèmpêr eyang."

Suparta: "O, bu! wong mèmpêr ki nèk adhik ngguyu kok, padha, ora ana untune."

Koosambariyah Sooryobroto, Solo.

Timbang Kelangan Dhuwit.

Sutrisna: "Bu, aku tanggapna: "Sêrendo-rendo."

Ibu: "E, bocah arêp ngguwangi dhuwit bae, wong lèdhèk sêrendo-rendo ora bisa njogèt bae, kok ditanggap, yèn njogèt mêsthi pintêr aku."

Sutrisna: "Ya wis, nèk anu, tukua klambi abang lan kacamata, gèk njogèda dadi ora susah nanggap sêrendo-rendo."

H.I. Sujono Sooryobroto, Solo.

Cara Landa.

Kacang: "Pul, aku arêp takon."

Kimpul: "Ya, arêp takon apa?"

Kacang: "Cara Landane lampu apa?"

Kimpul: "Lamp."

Kacang: "Bênêr, la bangku?"

Kimpul: "Bank."

Kacang: "Saiki srutu, piya hara!"

Kimpul: "Srutu, ya srut!"

Kacang: "We la nèk ngono rak kabèh mau mung diilangi aksarane u ngono!"

Surti, Sêmarang.

Anak: "Sababe apa macan dipatèni?"

Bapal: "Sabab gawe patine kêbo."

Anak: "Jagal kok ora dipatèni?"

__________

Guru: "B.P.M. iku karêpe piye?"

Murid: "Balapan pit motor!"

Siman: "Kula: Babi pitu mati!"

Slamadi.

--- 103 ---

JAARBEURS ING BANDHUNG

[Grafik]

Ing dhuwur iki sawangan Jaarbeurs ing Bandung ing wayah bêngi. Tumrape bocah mêsthi padha sênêng dijak mrono.

LÊLAGON.

[NOTASI]

I.

Rumpakan (Refrein)

II.

Sabên Sabtu wis tamtu / Taman Bocah mêtu / kang minangka wêwarah / marang bocah-bocah / awit akèh pituture / kang amêngku sae / mula ayo dimêmpêng / anggonmu padha maca //

refrein.

III.

kanca-kanca dimaju / nggonmu padha sinau / ngaranga dongèng-dongèng / kanggo isèn-isèn / sarta ayo padha muji / supaya lêstari / Bu Mar anggone ngêmbani Taman Bocah //

refrein.

IV.

wis mung iki caritaku / liya dina disambung / grutênku nang kowe kabèh / sêmbah bêkti katur / Ibu Mar lan ingkang mbakyu / R.A. Suwarsi / lan aja lali padha / puju-pinuji //

Waijah, Magêlang.

--- 104 ---

DONGÈNG KINA.

(Candhake)

Barêng Radèn Sujana mirêng ature Kyai Sudagar, banjur tumuli kagungan wêlas, karo manèh dhasar kabênêran bangêt, jalaran panjênêngane lagi ora kagungan abdi. Radèn Sujana nuli ngandika marang Kyai Sudagar: "Yèn mangkono, bocah iku ya daktampa kanthi sênênging atiku, jalaran lagi ora duwe batur kok banjur ana sing mènèhi, samono iku yèn Pak Sudagar têmênan rila anggone nyuwitakake anake, aku ya gêlêm kanggonan. Sarta manèh yèn bocah mau wêkêl ing pagawean, enthengan, gumati, nastiti, ngati-ati, tur dhasar ora dawa tangane, ora-orane mung arêp tak pêrês gawene bae, nanging ya bakal tak wulang pitutur bêcik lan uga tak pêrdi bisaa maju pasinaone. Apa bocah iku wis disêkolahake?"

Kyai Sudagar: "Sampun, wontên H.I.S., malah sampun klas 5."

Radèn Sujana: "Umure kira-kira wis pirang taun?"

Kyai Sudagar: "Sampun pikantuk 11 taun."

Radèn Sujono: "Kapan anggone arêp ana ing kene?"

Kyai Sudagar: "Pêrkawis punika kula dèrèng sagêd matur ingkang têtêp. Manawi tanpa pambêngan, bokmanawi salêbêtipun minggu punika kula sagêd nyowanakên."

Sasuwene Radèn Sujana ngandikan karo Kyai Sudagar, sinambi ngombe wedang lan pacitan sawatara. Rèhning wis wayah sore, kira-kira jam 7, Kyai Sudagar banjur pamitan arêp bali mulih, lan ngaturake bangêt panuwune dene Radèn Sujana kêrsa nyugata samono lan rumasa bêgja dene kêkarêpane bisa katurutan. Sawise nyuwun pamit banjur tumuli budhal saka dalême Radèn Sujana.

Saulihe Kyai Sudagar saka dalême Radèn Sujana sadalan-dalan tansah nggagas-gagas kanthi lêganing pamikir lan manèh rumasa yèn lakune mau tansah olèh dalan kêpenak lan gampang. Kagawa saka sênênging atine, lakune ora krasa sayah babar pisan, barêng kira-kira wis jam 10 bêngi, lakune Kyai Sudagar wis têkan ngomah. Satêkane ing omah bojo lan anake durung padha mapan turu, sabab tansah ngarêp-arêp bangêt têkane Kyai Sudagar lan uga tansah nyênyuwun karo Ingkang Kuwasa, supaya lakune bisaa nêmu slamêt lan ana kasile. Sawise padha takon-tinakonan mungguh kaanane siji lan sijine lan manèh kêtêmu padha slamête, liyane bungah ya ora ana manèh. Kyai Sudagar nuli salin panganggo, banjur padha mangan. Sarampunge mangan, Si Sucipta dikon mapan turu, dene Kyai Sudagar lan bojone padha lungguh ing ngarêpan, Kyai Sudagar ndongèng kaanan kang tinêmu sadalan-dalan.Pitakone Bok sudagar: "Bapakne, kapriye mungguh dadining rêmbug?"

Kyai Sudagar: "Mangkene mbokne, mungguhing lakuku mau saka pandongamu ya ana kasile, yaiku wis olèh bêndara kang ayake nocogi karo niyatku. Dalême ana ing kutha, ngasta damêl mantri guru, kagungan putra siji. Miturut pangandikane bandara kakung, supaya Si Sucipta tumuli disowanake, sabab bêndara mantri butuh bangêt abdi. Pamundhut mangkono mau, aku ora bisa nyaguhi, mung nyuwun sêmaya sajrone saminggu, dadi mêngko tanggal 10 sasi iki aku lan kowe kudu nyowanake Si Sucipta. Kowe mulane kudu nyêdhiyakake olèh-olèh, sapantêse kaanan desa, kênaa kanggo bêbungah ndara mantri. Wêlingku nyang kowe, sing bisa anggonmu mituturi anakmu, cikbèn lêga pamikire, dadi ora tansah dadi pangeling-eling, bisaa tabêri lan gumati olèhe ngabdi. Rèhning saiki wis wayah bêngi, sesuk bae ditêrusake anggone padha rêmbugan, saiki padha mapana turu. O, iya, mbokne, kowe kudu bisa mituturi têmênan, lan jaganên aja nganti pisan-pisan gawe ciliking kêkarêpan. Yèn nganti beka ora nurut karêpku, gèk sêpira isinku nyang ndara mantri, kang samono kabêcikane. Iya bênêr, sanajan durung kêlakon Si Sucipta nyuwita ing kono, nanging rumasaku wis katara, yèn ndara mantri bêcik bangêt panggalihi,panggalihe. miturut pangandikane lan lumrahe panampane wong desa kaya aku iki, ingatase disowani wong desa kok ya ora nyêpèlèkake, dadi kêtara yèn panggalihe ora adigung. Sarta manèh èlinga, mbokne: sing sapa nandur, mêsthi ngundhuh, wong ambuwang bakal nampani, lan manèh mbêciki wis mêsthine diwalês kabêcikan, ala ya diwalês ala."

Sajrone bapa lan êmbokne padha cêcaturan, bab anane anake kang bakal disuwitakake nyang kutha, sanajan Si Sucipta wis mapan turu, nanging ora kok turu, malah nggatèkake bangêt marang kang dirêmbug dening wong tuwane. Gagasane Sucipta, ora-orane bakal mutung utawa cilik ing ati, sabab rumasa yèn awake arêp digawe bêcik. Ananging kang dadi ngêrêsing atine, anggone arêp pisah karo wong tuwa, apa manèh pisah karo êmbokne. Wis kulina kêsandhing, jêbul enggal-enggale saminggu sapisan anggone bisa kêtêmu. Sajrone nggagas mangkono, saking ora kuwate, Si Sucipta banjur nganti ngêtokake êluh, jalaran saka ati sêdhih lan bingung. Ananging suwe-suwe aso, thukul pamikire manèh, sapira ta lawase saminggu utawa 7 dina, kajaba nèk bakal pêpisahan salawase urip, ana èmpêre nèk moh nglakoni. Mulane atine têtêp, arêp nglakoni utawa nurut apa karêping wong tuwa, apa alane ta bocah kang mituhu, mbokmanawa ing kono bisa andadèkake marganing kamulyaning awake.

Sawêngi dhêg Si Sucipta ora bisa turu, barêng krungu bapak lan êmbokne padha tangi, lan krungu anggone tata-tata barange, kang arêp digawa mênyang pasar, Si Sucipta milu tangi. Barêng wis wayahe mangkat sêkolah, suwita tata-tata pirantining sêkolah, banjur budhal. (Ana candhake).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 56, Rê Kli, 6 Jumadilawal, Ehe 1868, 14 Juli 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Bêngkulên - Panitikan sawung abênan - Tri arga jêjêring carita, nawung rahsa, rinipta ikêtan kina - Kawontênan ing Sêpanyol - Mariksani panangkaran ulam loh ing Calamadu Mangkunagaran - Balapan lumampah 4 dintên - Blilu tau - Wawasan badhe bidhal dhatêng paboyongan - Kabar warni-warni - Wêwaosan - Jagading wanita.

Bêngkulên

[Grafik]

Sawangan margi ing rêdi tanah Bêngkulên, Sumatra

--- 866 ---

Panitikan Sawung Abênan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 55

Dene sagêdipun kalampahan makatên, ing pamanah botên liya saking:

1. Pemahanipun dipun rêsiki sarta dipun pagêri ingkang rapêt, supados ayam-ayamipun botên sami saba ing pemahanipun tôngga. Pacêrènipun piyambak, inggih dipun rêsiki, sampun ngantos wontên cuwilan utawi rêmukanipun balung alit-alit pating bêcècèr. Godhong pisang matêng tilas silêp, utawi tilas buntêl mêniran, nagasari, sapanunggilanipun, kêdah botên kabucal ing pawuhan, ing latar utawi jogan, prayogi dipun bêsmi wontên ing pawon kemawon. Amargi sadaya wau bilih katêdha ing ayam, sami angèl dipun jur kalihan pangrêmêdan, lajêng sagêd andadosakên sêsakit. Nanging uwuh pawon saha gogrogan gêgodhongan saking wit-witan ing pemahan ngriku ingkang garing, prêlu kaklêmpakakên ngantos kathah, wontên ing jugangan ingkang lêbêtipun sadhêngkul, wiyaripun samètêr pasagi utawi langkung, kaprênahakên ing sabên pojokaning pemahan, kautamèn bilih jugangan wau wontên ing sangandhapipun dhapuran pisang, ngadat enggal dipun ênggèni ing rayap, tuwin kewan alit-alit sanèsipun, dados kabêtahanipun ayam, dipun cèkèri uwuhipun, rayap saha kewanipun alit-alit sanèsipun, dipun têdhani. Andadosakên kasarasan lan lêmanipun.

2. Kandhang panggenanipun tilêm, kêdah rêsik botên mambêt, kaangkaha sagêd sontan-santun hawanipun, sabên enjing têlèkipun dipun urugi awu, lajêng dipun sapu saha dipun timpali. Plangkringanipun kaangkah inggilipun satêngah mètêr kemawon, sarta kenging dipun rucati, supados kenging dipun isis sabên dintên, utawi kêrêp dipun labur, gêdhègipun inggih kêdah kêrêp dipun saponi saha kalabur, supados bilih wontên kewanipun ama ingkang tumèmplèk sami pêjah. Ing nglêbêt kandhang kadèkèkan pangombèn pangaron utawi cuwo, toyanipun ingkang rêsik, sabên dintên dipun santuni. Kadèkèkan kothak wadhah sabun kalih, ingkang satunggal dipun isèni rêmukan arêng ingkang êmpuk. Ayam sami bêtah punika, paedahipun ngrêsikakên padharan. Kothak wadhah sabun satunggalipun, dipun isèni krikil pêthak alit-alit sakêdhêle, ingkang botên alus saha botên bundêr, kautamèn bilih angsal rêmukan sela kambang, utawi sanèsipun, ingkang ragi ngêwrat gamping. Ayam inggih sami bêtah punika, kangge sarana ngrêmêt têtêdhan ingkang atos-atos.

3. Manawi môngsa bêntèr, supados kirang anggènipun kraos sumuk, kêdah kadamêlakên pakipon ing panggenan ingkang ajêg keyuban wangon, panjang wiyaripun kalih têngah kaki mubêng, kapilihakên ingkang sitinipun garing, dipun paculi satêngah kaki lêbêtipun, lajêng kaadhuk, bilih pating parongkal, dipun gêpuki, lajêng kasiram ing toya supados botên patos balêdug, lajêng kaêlèr mawi karêmêd, supados [supado...]

--- 867 ---

[...s] kenging hawa bêntèr, dados malêm sêpuh. Enjingipun lajêng kaklêmpakakên ing lêgokan panggenanipun suwau, mawi kapriksa manawi kirang mawuripun, kawêwahan pangrêmêdipun, punika lajêng kenging dipun kiponi, saha ayam sampun mathuk. Manawi kêtêlêsên utawiKata "utawi" tidak perlu dibaca. botên mathuk. Salêbêtipun ayam kipu, kêdah kajagi sampun ngantos dipun cêlaki tiyang, saha kewan sanèsipun, sadaya wau sagêd nyandèkakên anggènipun kipu. Môngka kipu punika prêlu, kajawi nyêgêrakên badanipun, kalihan ngêdalakên gurêm, katut ing siti ingkang dipun gupakakên ing badanipun, inggih nyarasakên badanipun, dening dipun ebahakên sadaya, sami kalihan sêporêt. 4. Manawi môngsa jawah, supados kirang anggènipun karaos kêkês, ingkang sagêd ugi anjalari sakit, kêdah dipun têdhani brambang utawi bawang. Manawi bawang ingkang katêdhakên, ayam satunggal kalih siyung, dipun iris-iris tipis, kalolohakên. Manawi brambang ingkang katêdhakakên, bilih agêngipun sadhuwêt-dhuwêt: kalih glindhing, inggih kairis tipis-tipis, lajêng kaulungakên, ngadat ayam ajêng nêdha piyambak. Kajawi punika, ing môngsaa jawah saha katigaa, ayam sami bêtah nêdha sukêt utawi bangsaning bayêm, amila murih botên kêdah nyadhiyani, sukêt ing pemahanipun kemawon, kêdah ragi nipundipun. opèni, supados sagêd sêgêr gêsangipun, kautamèn bilih dipun tanêmakên bayêm ingkang sae, kangge pasaban ayam, murih sami sênêng.

[Iklan]

Panutup

Wiwit taun Walandi 1886 inggih punika wiwit Ki Wasa sumêrêp babonipun sêrat punika sawêg umur nêmbêlasan taun, wantuning tiyang rêmên sawung sangêt, saha rêmên andamêl sawung piyambak, dados sadaya ingkang kasêbut ing nginggil wau, lajêng kaêdhakakên kangge waton milih sawung saha babon. Ngantos dumuginipun taun 1935 Ki Wasa sampun umur pitung dasanan taun langkung, taksih katindakakên kangge waton, pangraosipun, sasat botên nate gèsèh. Pasaksènipun, sabên Ki Wasa gadhah sawung, asli tumbasan utawi damêlanipun piyambak, kajawi sabên tiyang mêsthi rêmênipun, saha mastani sae wônda tuwin gêbag damêlipun, inggih dèrèng wontên ingkang sawêg dipun bên sapisan kemawon kawon, apês inggih kaping kalih utawi kaping tiga. Malah ingkang sagêd kêwêntar linangkung, tuwin ingkang lajêng dados rêgi èkêtan, botên namung satunggal kalih. Ewasamantên, sarèhning pangraosipun manungsa beda-beda, saha wajibing pitados punika, bilih sampun pirsa piyambak, amila sayoginipun, inggih kasidikakên kemawon.

W.

--- 868 ---

Cariyos Kina

Tri arga jêjêring carita, nawung rahsa, rinipta ikêtan kina.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 54

Namaning kitha Salatiga, gêgayutaning cariyos ing ngringgil: wontên ing katrangan sanès makatên: ingkang lampah cidra kumawakumawani. angrêbat jênêngan (têkên)nipun Nyai Agêng, kala samantên, nama pandamêling tiyang tiga, ingkang sami saekapraya. Jalaran saking punika, mila lajêng dipun têgêsi: nama salahipun tiyang tiga wau (utawi tiyang tiga salah karya).

[Grafik]

Pasareyan ing Têmbayat

Nglajêngakên tindakipun Nyai Agêng, anggèning katilaran, lampahipun ingkang raka. Sapêngkêring sinikara dening para kiyanat wau, Nyai Agêng sakalangkung brangtaning panggalih, kalayan tindak gêgancangan, sumêdya atur uninga dhumatêng ingkang raka. Enggaling cariyos, lampahipun Nyai Agêng nama sagêd nututi tindakipun ingkang raka, kintên-kintên namung kantun sapambêngok, saking sêrênging panggalih, winor sagunging prihatos, wasana angênguwuh ngaturi ingkang raka, kaparênga angêntosi tindakipun. Aturipun Nyai Agêng: dhuh kyai kêrsaa ngêntosi lampah kula, abdi jêngandika sakalangkung sumêngka. Baya lali têmênan, marang ingkang kawlasarsa, têka tan kulak pawarta. Wonde-Wondene.

--- 869 ---

panguwuhipun Nyai Agêng dhumatêng ingkang raka, wêkasan cumithak, inggih punika: wontêning kitha Bayalali, makatên punika.

Sarêng Kyagêng mirêng sêsambatipun ingkang garwa, tumuntên ingêntosan, wasana sarêng sagêd pêpanggihan, sanalika Nyai Agêng atawan tangis, kalayan ngaturakên sagunging lêlampahan. Wondene dhawuhipun Kyagêng, botên prêlu kamanah, prakawis icaling rajabrana, jalaran yèn taksih rinaos, têmahan saya ngranuhi, wasana malah sêmu dinukan, jalaran kirang eklasing manah, wêkasan tuwuh ing rubeda.

Salêbêting Kyagêng wawan rêmbag kalayan ingkang garwa, kacariyos pun ambêg dursila, ingkang murang tata wau, salah satunggalipun tuwuh murkaning manah, jalaran nyumêrêpi isining têkên, ingkang sarwa sêsotya nawarêtna, mila tuwuh ciptanipun, melik ing gendhonganipun Nyai Agêng. Wasana lajêng nututi tindakintindakipun. Nyai Agêng, sumêdya ngroda paksa, ngrabasèng isining gendhongan. Môngka sajatosipun, ingkang kagendhong Nyai Agêng wau, lugu namung awujud rukuh, pirantos salat sêmbahyang.

Enggaling cariyos, pun durga ngôngsa-ôngsa wau, dumarojog tanpa larapan, kalayan wicantên têmbungipun: barang ingkang kagendhong Nyai Agêng sumêdya kasuwun, malah asêsumbar, manawi budi badhe dipun sêmbadani, bôngga dipun rampungi, sarêng Kyai Agêng uninga, dhumatêng si kêparat para cidra ingkang murang tata, punapadene myarsa anggèning nyuwara sora, kalayan ambêg dirgama, sanalika Kyai Agêng sakalangkung bramantya, awit têtela botên kenging kadamêl sae. Wasana pangandikanipun Kyagêng dhumatêng pun dêgsura krura apua-pua: o bêcik têmên dhêdhasaring atimu, dene manusa watake kaya wêdhus. Kacariyos dhawuh pangandikanipun Kyagêng wau wasana nêmahi, sanalika tiyang wau awarni menda. Wondene pun menda wau, malah lajêng akêkinthil tut wingking, satindakipun Kyagêng sakalihan, ngantos dumugi ing Têmbayat.

Sarêng kula nyariyosakên dêdongengan ing nginggil punika, raosing padharan kula piyambak lajêng mungêl: punapa inggih manungsa sagêd dados menda. Namung sarèhning makatên, inggih badhe kula oncèki, nanging prayogi karêmbag wingking.

Mangsuli cariyos ing nginggil. Enggaling cariyos, Kyagêng Pandanarang sampun dumugi ing Têmbayat, wasana kalampahan têtruka wontên pucacakingpucaking. ardi. Kajawi punika ugi lajêng iyasa masjid, wontên pucaking rêdi Jabalkat. Wondene kawontênaning menda, inggih punika manungsa ingkang salah warni, lajêng ingandikan dening Kyagêng, supados wangsul asli, pulih lir nguni-uni.

Badhe kasambêtan.

Wirasuharja, Kêbumèn.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni kalawarti Kadjiwan Djawi no. 3 saking administrasinipun kalawarti wau ing Ranadigdayan, 3a Ngayogya.

Kalawarti wau isi wêwarah ingkang dipun cirèni ,,Bangoen Endjing". Ingkang kajênging wosipun angudhari bundhêlan jawi. Rêginipun lêngganan tigang nomêr f 0.75. Sanomêr f 0.35.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 870 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Sêpanyol

Manawi mawas ubad-ubêdipun paprangan ing Sêpanyol, sajatosipun katingal kalangkung anyamari, inggih punika jalaran saking kathah ingkang gêgayutan, kados ta Inggris, Jêrman, Prancis, Itali tuwin sanèsipun malih. Anggèning sami gêgayutan ngêmori damêl wau, sisip-sêmbiripun sagêd anjalari dados wêwinih pasulayan. Nanging bab punika taksih sarwa samar dening katutup ramening paprangan.

Kala bêdhahipun Bilbao, Jêrman katingal anggènipun suka, Sang Hitlêr ngantos kintun telegram dhatêng Jendral Franco, ingkang suraosipun suka sukur anggènipun ngêbroki Bilbao. Punika kenging kangge wawasan dhatêng sêsulaking kêkajêngan.

Bêdhahing Bilbao punika atêgês pungguling golongan kabangsan. Kacariyos lêbêting wadya kabangsan dhatêng Bilbao punika amanggih lampah ingkang sakeca, botên wontên tiyang ingkang mêdal dhatêng jawi, sadaya namung injên-injên kemawon, wusana sarêng dumugi ing gêdhong parimatan dêdamêl dipun tampi suraking tiyang kathah ingkang dados tandhaning bingah, ing ngriku katingal tandhaning mêngsah ingkang lajêng wangsul rukun dados sadhèrèk.

Golongan kabangsan lajêng malêbêt ing gêdhong nagari, tuwin gêdhonging ministêr babagan salêbêting praja, tanpa wontên tiyang ingkang nglawan, wusana têtêp ing ngriku dados panguwaosing golongan kabangsan, tanpa sangsaya. Motor-motor mabur kabangsan kêkalangan ing gêgana, bang-bang tuwin kantor-kantor sami manjêr bandera kabangsan. Dene golongan ingkang taksih pangawak mêngsah sami dipun tahan, kintên-kintên wontên tiyang 18.000.

Botên dangu katungka dhatênging oto momotan kathah sami ambêkta têtêdhan kangge sadhiyan ing kitha Bilbao, margi-margi toya ombèn ingkang risak lajêng sami dipun dandosi.

Sasampunipun sami mapan, Jendral Franco dhawuh supados para prajurit kabangsan sampun ngantos sami gadhah tindak ingkang raos malês sakiting manah. ing ngriku katingal bilih ungguling golongan kabangsan wontên ing Bilbao, araos mawa daya asrêp.

Ing salajêngipun tuwuh panggrayangan saking golongan parentah ingkang ngèngingi dhatêng Jêrman tuwin Itali, ing bab bêbantu tuwin tindak sanèsipun. Nanging sajatosipun pangintên utawi pandakwa ingkang kados makatên punika sampun botên nganyar-anyari. Pandakwa ingkang tumuju dhatêng Jêrman wau, ing bab kêlêming kapal momotan parentah Cabo Palos ingkang layaran saking Alicante dhatêng Valencia ambêkta têtêdhan. Kèrêming kapal wau sarana dipun torpedho saking kapal silêm, nanging kapal silêm gadhahanipun nagari pundi, botên cêtha.

Dene anggèning golongan parentah kêncêng pandakwanipun wau, amargi mêntas wontên motor mabur parentah sumêrêp wontên kapal-kapal pêrang Jêrman [Jêrma...]

--- 871 ---

[...n]

ingkang katingal wontên sacêlaking papan kèrêmipun kapal Cabo Palos. Ing bab punika sanadyan dèrèng cêtha dhodhok-sèlèhipun, nanging pandakwa wau mêksa katingal mantêp. Malah ing ngriku lajêng wontên raos, bilih anggèning Jêrman mêdal saking golongan pajagèn tata têntrêm ing lautan, atêgês mawa kajêng. Awit sarêng Jêrman tuwin Itali mêdal saking golongan wau, lajêng kathah kapal pêrang Jêrman tuwin Itali ingkang pating sliwêr wontên sagantên têngah.

Bab anggèning Jêrman ngunduri saking pajagèn tata têntrêm ing lautan, punika ugi mawa kajêng warni-warni, manawi dipun pêndhêt wosipun, Jêrman akajêng badhe ngatingalakên bilih kawontênanipun ing sapunika sampun kiyat, tuwuhing tekad ingkang kados makatên punika, botên sanès jalaran saking anggènipun ngalami lêlampahan ingkang pinanggih ing Sêpanyol. Dene kawigatosanipun, Jêrman badhe ngudi kamardikanipun piyambak, adhêdhasar ngluhurakên kabangsan.

Benjing tanggal 18 wulan punika, paprangan ing Sêpanyol jangkêp sampun sataun, kawontênanipun taksih ajêg, karisakan pinanggih ing pundi-pundi, pêpêjah tanpa wicalan. Sêsulakipun ingkang sami pasulayan dèrèng bandhe rukun.

Miturut pèngêtan, ing salêbêtipun paprangan punika, wadya ingkang dipun tindhihi Jendral Franco sagêd ngrêbat dêdamêl mriyêm 220, sanjata mêsin 671, pistul 553, sanjata limrah 38.000, sanjata karbin 8396, bom warni-warni 167.000, patrum kirang langkung 17 yuta, motor dêdamêl mriyêm asli Ruslan taksih wêtah 25, ingkang sampun risak 100, oto 123 tuwin sêpur lapis waja tuwin tumpakan sanèsipun kathah.

[Iklan]

Sadaya wau kalêbêt dados tandhaning taksih pêrangan rame.

Pawartos saking Redhaksi

K. 178 ing Rambipuji. Kenging kemawon, kakintuna lumantar Document.

K. 1825 ing Gêdarèn I, Re, Pa, kiwa têngênipun taun 1833 tanggal 10 Mulud, Jimakir, dhawah taun 1834, 15 Mèi 1904 Windu Sanjaya. II 25 Juli 1924 dhawah 22 Dulkangidah Je 1854 Windu Sangara. Wuku Watugunung. III 10 Agustus 1925 dhawah 19 Sura Be 1856 Windu Sêngara, Wuku Dhukut. IV 26 Juni 1927 dhawah 24 Sura Ehe 1860, Windu Sanjaya, Wuku Maktal.

K. 318 ing Munthilan, I Sla, Pn, 29 Dulkangidah Wawu ingkang panjênêngan dangokakên, dhawah 21 Nopèmbêr 1911. II Rê, Kli, 21 Bêsar Wawu 1935, dhawah Marêt 27. III-IV botên sade.

--- 872 ---

Mariksani Panangkaran Ulam Loh ing Calamadu Mangkunagaran.

Sampun sawatawis dintên, Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang jumênêng kaping VII sakalihan garwa dalêm Gusti Kangjêng Ratu Timur, tamu tuwin pandhèrèk, tindak pêpara dhatêng tlatah pabrik gêndhis ing Calamadu.

[Grafik]

Blumbang panangkaran ulam loh, ing sacêlakipun Pabrik Calamadu Mangkunagaran, ingkang wêkdal punika agêng piyambak satlatah tanah Jawi.

Saking pabrik wau lajêng sami tindak mariksani blumbang panangkaran ulam loh (dumunung sacêlakipun pabrik) ingkang ukuran wiyaripun wontên 3½ ha, wêkdal punika agêng piyambak ing satlatah tanah Jawi.

Nalika pungkasanipun taun ingkang kapêngkêr blumbang-blumbang wau wiwitipun dipun isèni bibit karpêr, tawès, ngilêm, tambakan tuwin gramèh, inggih punika bangsanipun ulam ingkang kêlimrah dados kabêtahanipun ngakathah. Sapriki sawêg antawis 5 wulanan, bibit wau sampun tumangkar bêbranahan, sarta kenging dipun jagèkakên kangge isèn-isèn ing tlaga-tlaga utawi ing wadhuk-wadhuk. Ing blumbang-blumbang panangkaran wau isinipun ulam alit-alit sampun wontên kirang langkung 400.000.

Ing blumbang Calamadu punika mêmpan sangêt kangge ngingah ulam gramèh, botên badhe kaungkulan dening gramèh wêdalan saking blumbang utawi pangupakaran sanèsipun, ingkang pinanggih ing saindênging tlatah Jawi Têngah.

[Grafik]

Wadhuk Cêngklik, bawah ing Kartasura, ingkang toyanipun kangge ngoncori sitinipun Pabrik Gêndhis Calamadu Mangkunagaran. Samangke wiwit dipun isèni wiji ulam warni-warni saking blumbang panangkaran ulam loh ing Calamadu, wiji wau agêngipun sajênthik, cacahipun ngantos kêthèn.

Paprentahan Mangkunagan sampun sarêmbag kalihan paprentahan Kasunanan, sagêdipun ing Wadhuk Cêngklik, bawah Kartasura, dipun angge papan pangingahan ulam loh mêndhêt saking bibit ing Calamadu kasêbut nginggil, kantun angêntosi dadosipun prajangjian kemawon. Rêmbag punika dhasaripun mawi angèngêti, sarèhning toyanipun Wadhuk Cêngklik wau kangge ngoncori pasitènipun Pabrik Calamadu, mila sagêda saraos tangkara nipun

--- 873 ---

lam loh ing Calamadu wau inggih maedahana dhatêng wontênipun wadhuk ing Cêngklik.

Kajawi punika, bab anggènipun Praja Mangkunagaran ambudidaya tumangkaripun ulam loh punika, wosing prêlu anggalih sagêda murakabi ing wêwêngkonipun, inggih punika sagêda sami gampil anggènipun angsal bibit, kenginga kangge mêwahi indhaking panggaotan sawatawis, utawi sabotên-botênipun lajêng sami sagêda angsal mirah tumbasipun ulam (lawuh).

Sasampunipun dumugi anggènipun sami mariksani blumbang kasêbut nginggil, lajêng sami tindak mariksani wadhuk ing Cêngklik, ingkang sagêd isi patandhon toya ngantos 12.000.000 m³, sarta dipun angkah sagêdipun kenging dipun ingahi ulam saking panangkaran ngantos kêthèn yutan.

Sarampungipun mariksani wadhuk wau lajêng wangsul rawuh ing pabrik, lêlênggahan sawatawis lajêng kondur miyos ing Kartasura mawi kampir sakêdhap mariksani pabrik gêndhis batu kabudidayanipun Praja Mangkunagaran, ingkang manggèn wontên tilas pabrik Kartasura.

Pawartos saking Redhaksi

K. 4654 ing Tutuban. Rê, Wa, Agustus 1866 dhawah tanggal 29, Jawi 17 Rabingulakir Alip 1795 Wuku Langkir.

K. 532 ing Nglungge. Sn, Lê, Juni 1911 dhawah tanggal 12. utawi 14 Jumadilakir Jimakir 1842 Windu Sêngara.

K. 500 Rawalo. Sn, Pn, 4 Sawal, Jimakir 1802 dhawah 24 Nopèmbêr 1873 Wuku Sinta, kanêm.

Rawa Pening

[Grafik]

Têtiyang nuju misaya ulam wontên ing Rawa Pêning.

--- [874] ---

[Grafik]

Balapan Lumampah 4 Dintên

Ing Batawi mêntas kawontênakên balapan lumampah 4 dintên.

Ingkang kacêtha ing gambar, nginggil sisih kiwa golongan Roode Kruis, sisih têngên Jeugdstorm, sami gagah. Ngandhapipun militèr batalyun 10 ing Mistêr Kornèlis. Gambar bundêr punggawa Kolff & Co. Sisihipun golongan ingkang miyambak. Ngandhap piyambak sisih kiwa, golongan militèr ingkang dipun tindhihi Kaptin van Doorn, dipun papag musik. Sisihipun barisan pulisi.

Ing kalanipun wontên lampah makatên punika, manawi nuju wanci enjing, dumugining lingsir siyang, ing margi-margi ingkang dipun ambah ing golongan wau, pinanggih langkung rame.

--- 875 ---

Blilu Tau

Anggitane: Wiryawiharja, sambêtipun Kajawèn nomêr 54.

16 Susahe Sing Ditinggal.

... saking bangêting susah / nyang gawean nganti lali...

[Sinom]

Wana têkane nagara / ora dicritakke dhisik / kaanane sing ditinggal / saiki dirêmbug gênti / mulane dibalèni / supaya bisaa urut / saungkure Si Wana / uwong loro gêlik-gêlik / isih mêlèk anutug sawêngi natas //

barêng wis bangun raina / wong loro padha miranti / arêp anggarap têgalan / gawa gathul kanggo bêsik / sing ênom nyangking pithi / dianggo madhahi cikru / mêngko arêp dikêla / dadi yèn sing lunga mulih / sayah-sayah bisa sêgêr tuke mangan //

sasuwene ana têgal / kurang mêmpêng gone bêsik / jalaran saka karipan / mulane tumuli mulih / malah bokne wis dhisik / têkan ngomah têrus turu / mantune olah-olah / rampung dicawiske nuli / mrêtuwane digugah diêjak madhang //

lagi bae rampung madhang / mrêtuwane kôndha lirih / ayo dhuk nyang Glagahômba / takon wakmu Karsatani / piye bojomu wingi / kok ora penak atiku / mantune iya kôndha / yèn uga ngandhut kuwatir / sakarone iya banjur padha mangkat //

barêng têkan Glagahômba / kuwatire rada mari / sabab Karsatani kôndha / yèn Wana sida nyang Ngunggi / sangune diutangi / sapine ora dituku / mêngko sing mênyang pasar / saka pasar masthi mampir / jupuk sapi ngiras karo nyaur utang //

rèhne kabare wis gênah / wong loro padha ngêntèni / kambi disambi rêrasan / wêkasane nganti wêngi / sing lunga durung mulih / diêntèni têkan esuk / malah wis rada awan / sing lunga ya durung mulih / uwong loro nuli pamit kanthi susah //

Nyai Wana turut dalan / ora pêgat tansah mikir / gèk ana pakewuh apa / sing lunga kok ora mulih / banjur ambrêbês mili / clathu karo sênggruk-sênggruk / Gusti nyuwun ngapura / piye ta dhuk lakon iki / wong lêlungan kanthi bablas tanpa kabar //

lha gèk padha nêmu apa / apa kapriye ta iki / hara dhuk gèk kaya apa / upama nêmahi pati / ya talah pakne Kunthing / dhuh lae Kunthing anakku / gèk padha nêmu apa / dene lunga ora mulih / Nyai Wana sangsaya kêlara-lara //

banjur ambruk ana dalan / nangis kaya bocah cilik / sangsaya bangêt mêmêlas / mantune milu anangis / calathu ngasih-asih / maratuwane dirangkul / biyung ambok sing sabar / ampun kaya bocah cilik / dika èngêt ampun nangis èntên dalan //

o biyung botên kadosa / kula niki ênggih sêdhih / nanging tansah kula ampah / ampun nganti kaya bayi / pun êngga êndang mulih / sêlak èntên tiyang langkung / mundhak dadi layadan / wêkasan ngisin-isini / Nyai Wana atine kêna ditata //

banjur mlaku alon-lonan / isih karo mrêbês mili / sadhela-sadhela ngêsah / mantune tansah anganthi / karo angarih-arih / suwe-suwe rada lipur / satêkane ing ngomah / sênthong-sênthong diungaki / bokmanawa sing lunga wis ana ngomah //

Ana candhake.

--- 876 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Wawasan badhe bidhal dhatêng paboyongan

IV

Petruk : Nyambungi gunêmku kang wis kêpungkur, ing bab kang tak anggêp têtimbangane cilik-cilikan. Saiki tak ambalèni manèh kaanane kaum tani ing tanah Jawa kene iki. Kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, lêmahe dhewe iki saiki wis mungkrêt pangasilane, wong-wonge tambah akèh tikêl-matikêl. Nganti akèh sing ora padha olèh pangan. Wong-wong iki arêp golèh buruhan, ora ana buruhan, arêp nunut mangan nyang sadulure, sadulure dhewe iya wis mênggik-mênthol, gèk arêp kêpriye, hara. Saka ngêlihe wêtênge, saka ditangisi anak bojone, apa ora bisa kalakon banjur ala, kaya ta: ngutil, maling, ngoyok, lan sapadhane. Dumadhakan saka murahing Pangeran, têka banjur ana wong sugih sing tawa pari, anggêre gêlêm ngolah dhewe lan ngèngèhi sawatara bae, kêna mangan sakarêp-karêpe. Kawuwuhan manèh, wong sugih mau kathik sobate rama. Rak iya bodho, ta, yèn wong-wong mau ora tumuli sêmranthal marani wong sugih mau. Nah - wong sugih iki gêgambarane lêmah ing sabrang, kang isih mluwa kathik loh jinawi. Dene rama kuwi pêpêthane: kangjêng rama ndara guprêmèn. Dadi têgêse: iya kangjêng rama ndara guprêmèn iki sing nawani lêmah marang wong-wong mau. Lan kowe wêruh dhewe, kangjêng rama ndara guprêmèn kuwi, kuwajibane: nata tata-têntrême praja sauwong-uwonge pisan. Dadi iya anjaga, supaya uwong-uwong kawulane padha slamêt, têntrêm, lan karaharjan. Wajib paring têkên marang wong kang kalunyon, paring payung marang wong kang kapanasan ...

Garèng : Lan ... nariki pajêg.

Petruk : Rak iya wis mêsthine, ta, Kang Garèng, awit butuhe nagara kuwi pirang-pirang, yèn sabên uwong ora nguruni, têmtune rak iya ora bisa nindakake kuwajibane mau. lho, anggonku ngandhakake mêngkono mau, mung arêp anelakake, yèn kangjêng rama ndara guprêmèn, kuwi mung tansah ngudi marang kaslamêtan lan karaharjaning para kawulane bae. Dadi tindake iya kayadene bapa nyang anak-anake.

Garèng : Bapa nyang anak têmênan apa nyang anak kuwalon, Truk.

Petruk : Wayah, mêsthine iya kaya bapa nyang anak têmênan, Kang Garèng, ana kok rupa-rupa ngono sing ditakokake. Mara, Kang Garèng, andak ana bapa sing duwe niyat arêp [a...]

--- 877 ---

[...rêp] anglorobake anake, utawa arêp agawe cilaka anake, mêsthine rak iya ora, ta. Mêngkono uga kangjêng rama ndara guprêmèn, tumrap kawulane sing diudi, iya mung bêcike, slamête, lan karaharjane. Mara, dêlêngên bae, pambudidayane nagara anggone arêp ngajokake kawulane: pirang èwu, malah pirang yuta rupiyah bae, dhuwit kang dibuwang, amrih majune karaharjaning para kawula. Kaya ta upamane: ing ngêndi-êndi nganakake coban-coban anggarap sawah cara modèrên, supaya wêtune sawah luwih akèh...

Garèng : Iki mula iya bênêr, Truk, wong aku iya mênangi dhewe. Ana sawah duwèke wong desa, sing digawe coban-coban digarap miturut cara modèrên, yaiku: nandure cara larikan, antarane siji lan sijine digawe samene sènti mètêr dohe, panandure mangkene, lêmine kudu nganggo lêmi mangkene, lan sapiturute. Wah, Truk, dadine tanduran pari mau, mula iya lêmu-lêmu, dhuwure nganti ngluwihi bocah umur wolung taun. Saka lêmune tandurane nganti... gabug.

Petruk : Hara, kok banjur ngandhakake sing ora-ora. Yèn ana coban-coban sing wusanane ora dadi, kuwi rak lumrah, ta. Nanging anggone ora eman ambuwang dhuwit pirang-pirang, kuwi rak wis sawijining bukti, anggone kumudu-kudu arêp angajokake kaum tani bangsane dhewe kiyi. Iki rak iya ora beda karo wong tuwa nyang anak-anake. Sabên uwong tuwa kuwi iya ora wêdi rêkasa, ora eman ambuwang dhuwit, murih anake bisa pintêr, bisa olèh pangkat sing mêthangkring, lan gajih sing sathekruk, lan sapadhane. Nanging apa kêna dipêsthèkake yèn anake mau bisa dadi kayadene sing dadi pangajabe, rak iya ora, ta. Mêngkono uga mungguhe wong-wong kang arêp diparingi kangjêng rama ndara guprêmèn, lêmah ana ing tanah sabrang, aku pracaya, Kang Garèng, krêsane kangjêng rama ndara guprêmèn mêsthi iya bêcik bangêt, yaiku: supaya wong-wong mau bisa: urip kacukupan, sênêng, raharja, sukur bisa mlênthu wêtênge. Dene kadadeyane, banjur ana sing rêkasa, ênggik-ênggikên, malah dipondhoki mas rara malariyah barang kuwi, lugune mono rak iya ora kêna dipaido, ta.

[Grafik]

Garèng : Wèh, nganti kaya pokrul pêtung, anggone mubêng-mubêng rêmbuge. Wis, saiki caritakna dhisik mungguh prajangjiyane wong-wong sing arêp diangkatake nyang sabrang iki.

Petruk : Iya, rungokna, nanging samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

--- 878 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

TANAH NGRIKI

Huishoudschool Istri Indonesia. Wiwit tanggal 1 Augustus ngajêng punika ing Bêtawi wontên bikakan Huishoudschool manggèn ing Kramat 31. Lamining sinau tigang taun, bayaran sêkolah f 4.50. Ingkang katampèn mlêbêt mriku lare wêdalan H.I.S. Schakelschool, Openbare Europeesche Lagere School, Perguruan Rakyat, Muhammadiyah, Taman Siswa tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Tamatan Landbouwcursus. Inginggil punika ngêwrat gambaripun tuwan-tuwan ingkang mêntas tamat saking sinau dados guru têtanèn ing Landbouwcursus Pancasan Bogor. Tuwan-tuwan wau tamatan saking sêkolahan Normaal, saha badhe katêtêpakên dados guru têtanèn ing sêkolahan Standaard lan Vervolg, ngajar bab têtanèn ing klas VI.

Sumêbr lisah pèt ing Ambon. Ing pasisir Tulehu, laladan Ambon, pinanggih wontên sumbêripun lisah pèt, lisahipun sampun kapêndhêt kapriksakakên dhatêng Balikpapan. Mirid papriksanipun Dr. Roozendaal, dhoktêr Militair, lisah wau pinanggih sae. Lisah wau sagêdipun katingal manawi toyaning sagantên nuju surut. Têbihing papan wau saking Ambon wontên 25 km. Ingkang manggihakên sumbêr lisah wau kaji sampun sêpuh, cacah kawan panggenan.

Pajagèn pulisi kasantunan militèr. Miturut wartos, pulisi ing Manokwari, Nieuw-Guinea, badhe dipun santuni militèr, dene militèr ing Namlea badhe dipun santuni pulisi.

Lampahipun pandu jamboree dhatêng nagari Walandi. Lampahing pandu jamboree saking tanah ngriki ingkang dhatêng nagari Walandi sampun dumugi Port Said, wontên ngriku dipun papag pandu ing Mêsir, dipun ajak mlampah-mlampah wontên ing papan ngriku. Sadaya pinanggih sami sêgêr kasarasan.

Kenging racun malih. Ing Nanggulan, Ngayogya, pinanggih wontên tiyang ingkang kenging racun malih 3, dados gunggung sadaya ingkang kenging racun sampun tiyang 27. Ngantos sapriki dèrèng kasumêrêpan sabab-sababipun. Papriksanipun taksih katindakakên wontên laboratorium ing Bandung.

Sudan numpak sêpur S.S. Wontên wartos, gêgayutan kalihan badhe wontênipun conferentie Volkenbond ing wulan Augustus, sintên ingkang numpak sêpur kangge pêrluning conferentie Volkenbond langkung ing pundi kemawon, badhe angsal sudan 50%. Sintên ingkang dhatêng ing wulan Juli punika kêdah gadhah sêrat katrangan saking hoofdinspecteur S.S. ingkang kapijèkakên. Sudan wau botên tumrap tuslag sêpur kilat tuwin sêpur dalu.

Rêgining daging ing Bêtawi mindhak. Rêgining daging ing Bêtawi ing wulan punika mindhak 15%. Indhaking rêrêgèn wau, miturut katrangan jalaran saking indhaking waragad-waragad kathah, tuwin rêgining kewan mindhak, kajawi punika ing wêkdal punika ing laladan nagari karèt kathah tiyang nêdha daging, tuwin malih jalaran ing Singapura kathah anggèning ndhatêngakên kewan saking tanah ngriki, awit ing Siam nuju tuwuh sêsakit kewan.

Badhe ngêdêgakên griya tiyang sakit ewah. Wontên wartos pakaryan babagan Kasarasan badhe ngêdêgakên griya tiyang sakit ewah wontên ing Pakêm, Ngayogya. Wontênipun ada-ada punika gêgayutan kalihan wontênipun tiyang sakit ewah ing laladan ngriku saya kathah. Griya sakit wau badhe kadamêl cêkap dipun ênggèni ing tiyang 200, dene tiyang ingkang dipun tampèni ingriku mêndhêt tiyang ingkang kapetang dèrèng sapintêna sakitipun, tuwin ngêmungakên mêndhêt têtiyang ing Ngayogya kemawon. Têtiyang ingkang manggèn ingriku punika badhe dipun êcakakên ing padamêlan têtanèn. Sadhiyaning waragad badhe f 20.000.- dipun andhapi rumiyin saking Kasultanan.

Nyolong candu kanthi patrap wêgig. Ing Kêndal wontên panjualan candu ingkang ngrangkêp panjualan ing Cêpiring. Ing ngriku kasumêrêpan bilih candu ingkang kasade ing Cêpiring isinipun namung sakêdhik. Sarêng bab punika kauningan ing pangagêng, lajêng katitipriksa, nyata bilih candu wau pancèn kirang, dene ingkang gadhah tindak makatên wau saking panjualan ing Kêndal, patraping panyolong kanthi nyoblos umpling ing perangan ngandhap, mawi pirantos ingkang pancèn sampun dipun damêl, pamêndhêtipun sabên saumpling namung 1 milligram.

Mèngêti adêging Proefstation sampun 50 taun. Adêging Proefstation ing Pasuruan sampun jangkêp 50 taun, mêntas dipun pèngêti kanthi ngawontênakên sêsorah ingkang dipun wêdharakên dening Dr. Ir. P. Honig, Mr. J. Luyten tuwin Ir. J. van Dijk.

Panèn karisakan. Ing bawah dhistrik Salatiga tuwin Bringin, wontên sabin 1000 bau sami risak oyodipun. Kapitunanipun kintên-kintên wontên f 25.000.-. Landbouwvoorlichtingsdienst inggih sampun rekadaya sarana ngêsat toyanipun kala ingajêng, nanging mêksa botên wontên damêlipun.

Badhe nanggulangi bêna. Inspectie-bureau Technische Zelfbestuursdiensten ingkang dipun pangagêngi dening Ir. R.M. Notodiningrat, sawêg ngrancang bab tataning nanggulangi bêna ing Surakarta salaladanipun, amargi mèh sabên taun ing Surakarta wontên karisakan jalaran saking wontênipun bêna. Rantamanipun badhe kalêbêt ing Karajan Surakarta.

Nyirnakakên ama klapa. Ama klapa ingkang tuwuh ing bawah Ngayogya badhe dipun tanggulangi. Miturut rêmbagipun para ingkang kawogan, badhe sarana ngangge racun ingkang nama calsiumarsanaat. Racun wau botên ambêbayani tumraping tiyang tuwin rajakaya. Tanêman klapa ingkang badhe dipun siram ing jampi punika wontên 100.000 wit, têbanipun wontên 20 km. wiyar 1½ km. Waradinipun anggèning namakakên jampi bokmanawi ngantos tigang wulan.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, Mas Besoes Sastrodiwirjo, Aib, nindakakên padamêlan mantri pulisi ing paresidhenan Pêkalongan, dados asistèn ing paresidenan Pêkalongan. Marsono juru sêrat klas 1 ing kantor kabupatèn Pêmalang, dados mantri pulisi paresidenan Pêkalongan.

--- 879 ---

Tindak salingkuh ing pakaryan pêkên. Pakaryan pêkên ing Kasunanan Surakarta mêntas andêngangi tindak salingkuh ingkang sami dipun tindakakên ing punggawa-punggawa pêkên. Mula bukanipun, tumrap ingkang wajib nyumêrêpi bilih angsal-angsalaning asil pêkên ing Kasultanan, Pakualaman tuwin Mangkunagaran saya mindhak, nanging tumrap Kasunanan botên. Sarêng katiti pinanggih karcis pêkên palsu ingkang asli anggèning ngêcapakên punggawa pêkên piyambak. Kapitunanipun nagari Kasunanan sampun ewon-ewon. Salajêngipun dados papriksan panjang.

Têtanèn pitulungan. Tindak têtanèn pitulungan ingkang kawontênakên ing Magêlang badhe dipun wiwiti wontên ing wulan Augustus. Ingkang katampèn ing ngriku namung para neneman tiyang siti ingkang apêsipun umur 18 taun, jangkêp nampèni lare 100. Caraning nyambutdamêl, ing sadèrèngipun panèn sami angsal têdha saking Parentah.

Werkcentrale ing Ngayogya. Pakaryan damêl gêlaran tuwin babut ing Werkcentrale ing Ngayogya saya majêng. Ing sapunika ingkang nyambutdamêl wontên 200, badhe dipun wêwahi dados 600. Kajawi punika taksih ambêtahakên tiyang 200 wontên ing golongan sêpêt. Tiyang ingkang angsal pitulungan saking steuncomite wontên 300, nanging ingkang mlêbêt dhatêng Werkcentrale namung sapalih.

Tanêman badhe dlancang. Ing Nieuw Guinea tlatah Lèr, wontên kabudidayan anggadhahi pasitèn 100 ha. dipun tanêmi bangsaning sukêt. Wontên malih ing sanès panggenan dipun tanêmi bangsaning alang-alang. Sadaya wau sami dados badhe dlancang.

Tatanan paargyan jumênêngan bupati. Miturut sêrat katrangan saking K.T. Ingkang Wicaksana, tatananing paargyan jumênêngan bupati punika, ingkang anjênêngi namung Residhèn tuwin para priyantun ing wêwêngkoning kabupatènipun ingkang sêsangkutan. Kajêngipun namung ingkang angsal waragad saking nagari. Ing sapunika badhe dipun jêmbarakên, rêsidhèn kenging ngulêmi asistèn residhèn-residhèn tuwin bupati-bupati kiwa têngênipun, sadaya wau badhe angsal waragad saking nagari. Dados saupami bupati-bupati ingkang jumênêng ngulêmi bupati ingkang têbih-têbih botên dados têtanggêlan nagari. Tumrap tampi bintang, songsong jêne tuwin sanès-sanèsipun, namung tumrap para priyantun ingkang gêgayutan. Namung tumrap jumênêngan pangeran, kadosdene jumênêngan bupati.

Pambikakipun cooperatie karèt ing Leuwiliang. Pabrik karèt gadhahanipun cooperatie ing Sadèng sampun kalampahan kabikak, ingkang mêdhar sabda Mr. Sartono, dipun sambêt pangarsa pakêmpalan ,,Roekoen Santausa''. Ingkang anjênêngi utusan saking Economische Zakên, kanthi angsal panuwun saking anggènipun paring bêbantu. Asmanipun ingkang rawuh wau, Tuwan-tuwan van Mook, Sitsen, tuwin Mentel, sami saking Economische Zakên. Tuwan Margono, ingkang bupati ing Bogor, Dr. Pijper saking Inlandsche Zaken tuwin wakil-wakil sanèsipun. Pabrik punika taksih alit, nanging katingal bilih punika satunggilling kamajêngan tumrap rakyat.

Rêdi Cêrêmai nyêmburakên kukus. Miturut wartos saking Cirêbon, Rêdi Cêrêmai mêntas nyêmburakên kukus ngantos tigang rambahan, sapisan ing pucak, sanèsipun ing iringan.

Pakêmpalan wados matahari ing Bêtawi. Ing Bêtawi wontên pakêmpalan wados nama Matahari, ingkang tindakipun dados awisaning nagari. Pakêmpalan wau sampun kasumêrêpan ing pulisi saha wontên warga-warganipun ingkang sami kêcêpêng, sami bangsa Tionghwa. Wontên sêrat-sêrat ingkang kacêpêng dados praboting prakawis. Pakêmpalan punika kintên-kintên botên namung tuwuh ing Bêtawi kemawon. Têtiyang ingkang kacêpêng wau wontên ingkang dados warga pangrèhing Pakêmpalan Hong Gie Soen. Malah lajêng wontên pandakwa bilih Pakêmpalan Hong Gie Soen punika sêsambêtan kalihan Matahari.

Sedan. Miturut wartos, ing dintên Kêmis kêpêngkêr, Kangjêng Ratu Bêndara, sadhèrèk dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya, garwanipun K.R.T. Puspodiningrat seda wontên ing Kaliurang, layon kasarèkakên ing Imagairi. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan tuwin tuwan gupêrnur miyos nglayat.

Badhe ngintunakên sarêm dhatêng Jêpan. Kawartosakên, Opium-en Zoutregie ing Bêtawi sampun damêl prajangjian kalihan Jêpan sade sarêm wêdalan Madura dhatêng Jêpan kathahipun 20 dumugi 25.000 ton. Cacah samantên punika nate dipun kintunakên kala ing taun 1934. Ngantos sapriki sawêg kalampahan malih. Pangintunipun badhe dipun wiwiti wontên wêkasaning wulan punika.

Panyadean lisah obong. Kawartosakên, Koloniale Petroleum Verkoop Maattscappij adamêl prajanjian kalihan directie palabuhan Tanjungpriuk, tumrap nyewa siti sakidul palabuhan nomêr 3, jêmbaripun 9.500 m². pêrlu badhe kangge andèkèk lisah obong. Dados botên dangu K.P.V.M. badhe sade lisah wau. Lisah kados makatên wau tumrapipun ing ngriki panyadenipun sakêdhik sangêt, ingkang sapunika badhe dipun kathahi, awit badhe nyadeni tumrap motor-motor kapal.

Congrès T.B.C. Benjing tanggal 29, 30 tuwin 31 Juli punika, studiecomite babagan T.B.C. ing Sêmarang badhe ngawontênakên congrès ingkang kaping kalih. Kintên-kintên badhe kathah ingkang anjênêngi.

Panganggening candu saya kathah. Miturut rêmbag ing Raad Kawula, kathah warga ingkang usul supados wontên tindak ingkang kêncêng tuwin sêrêng tumrap gêgayutanipun kalihan candu tuwin morfine. Miturut pêpetangan, panganggening candu ing salêbêting tigang wulan kawitaning taun 1937 manawi dipun tandhing kalihan taun 1935, tumrap tanah Jawi mindhak 41%, tumrap tanah Sabrang 13,4%.

ASIA

Bêbaya bêna ing Tiongkok. Toyaning lèpèn Huoi ing Anhui, Shanghai pinanggih agêng, saha andadosakên bêna nêmpuh laladan pintên-pintên dhistrik. Ing Fengyang kawontênanipun langkung nyamari, têtiyangipun rintên dalu tansah nyambutdamêl nambal tanggul. Pang-panging lèpèn Kang ing Kiangsi ugi lubèr, papan ingkang kêbênan wiyar sangêt, pangagêng nagari suka pitulungan.

Pamulangn saking darmanipun Aw Boon Haw. Aw Boon Haw ngêdêgakên pamulangan andhap 10 panggenan ing Sènsi. Sabên pamulangan dipun sadhiyani wragad 3500 dollar. Tuwan Aw Boon Haw misuwur anggèning darma babagan pangajaran.

AMERIKA

Kasangsaranipun Nyonyah Amelia Earhart. Sambêt kalihan wartos bab kasangsaranipun Nyonyah Amelia Earhart, kapal pêrang Colorado sampun dumugi sacêlaking pulo-pulo Phoenix, nyukani têtêdhan tuwin lisah dhatêng kapal panjagi pasisir Itasca. Panjagi pasisir ing San Francisco tampi tandha-tandha samar ingkang botên kenging dipun waos kintunan saking Earhart. Motor mabur saking kapal pêrang Colorado tumindak madosi, botên angsal damêl. Admiral Murfie saking New York nindhihi lampah madosi, punapa pikantuking papriksan badhe kapratelakên.kapratelakakên.

EROPAH

Badhe nginggahi Rêdi Himalaya. Wontên ahli minggah Rêdi Alpen têtiga bangsa Jermani ingkang misuwur nama Ir. Grob. Ludwig Schmaderer tuwin Herbert Paidar sami bidhal dhatêng tanah Indo badhe minggah pucak-pucaking rêdi Himalaya ingkang dèrèng nate dipun inggahi ing tiyang.

--- 880 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun, Baronesse Orczy

75

Lan aku ngrêti, yèn ana ing rèsturan: Kucing klawu, aku bisa luwar saka tangane Sopêlin, Sopêlin mêsthi bakal ngêntèni aku ana ing kene. Jalaran saka iku aku banjur kudu tansah ngawasake polahe Sopêlin, apadene para punggawane. Lan mungguh panêmuku, kira-kirane pikirane wong Inggris ora prêlu kalah bangêt karo pikirane wong Prancis. Panêmuku kang mangkono iku tumêkane saiki akèh bênêre.

Pangandikanipun Sêr Blakêne ingkang makatên wau, sang putri kêdah angakêni, mila inggih nyata, bilih tumandang damêl ingkang kanthi sabar nanging angrampungi, kadosdene ingkang katindakakên dening ingkang raka punika, dene kalêbêt wêwatakanipun bôngsa Inggris. Salajêngipun Sêr Blakêne ngandikakakên lêlampahanipun sawatawis anggèning ngluwari para darah ingkang nampi ukuman pêjah. Sadaya wau adamêl rêna saha agêng panggalihipun sang putri.

Kalayan gumujêng Sêr Blakêne anglajêngakên pangandikanipun makatên: sarana ngemba-emba wong Yahudi tuwa sarta kêmproh iki, aku mêsthèkake yèn sabên uwong mêsthi pangling nyang aku. Sorene ana ing Kale aku kêtêmu Si Rubên, wong Yahudi tuwa, kanthi tak bayar dhuwit dinar sawatara, Si Yahudi iki ngêwèhake panganggone nyang aku, lan uga nyilihi grobag lan jarane. Kajaba saka iku dhèwèke jangji arêp umpêtan, nganti ora ana uwong kang bakal nêmu.

Sêmu kuwatos sang putri apitakèn: Kapriye kadadeyane saupama Sopêlin nganti ngrêti, iya bênêr, carane panjênêngan ngemba-emba Yahudi mau pancèn manglingi têmênan, nanging Sopêlin iku awas bangêt.

Kalayan sabar Sêr Blakêne amangsuli: Yèn dhèwèke nganti ngrêti, iya wis mêsthi bae manawa niyatku mau bakal gagal. Nanging aku iya ngrêti bangêt nyang watake wong Prancis. Umume padha jêlèh bangêt karo bôngsa Yahudi kuwi, nganti ora sudi babarpisan cêcêdhakan. Lan pangiraku, anggonku ngemba-emba mèmpêr wong Yahudi têmênan.

Lèdhi Blakêne: Mula iya mangkono. Kêpriye mungguh banjure.

Sêr Blakêne: Sabanjure nuli tak tindakake kaya sing wis tak pikir matêng, yaiku mangkene: dhisike aku mung arêp nindakake kapriye kaanane mêngko. Nanging barêng aku krungu parentahe Sopêlin mara para prajurite, aku banjur anjagakake manut miturute prajurit marang panggêdhene. Parentahe Sopêlin sarana ancaman bakal diukum mati sing sapa ora manut miturut, supaya para prajurit kabèh ora kêna tumindak apa-apa sadurunge wong Inggris kang dêdêg piadêge dhuwur, têka ing kono. Dhèsgas nganggêp aku kayadene barang rêgêd bae, kang banjur dibuwang ana ing sacêdhaking gubug. Para prajurite ora mikir babarpisan nyang wong Yahudi, kang anggawa Si Sopêlin nyang papan kene iki. Nyang ngêndi bae aku salawase anggawa krêtas lan potlot. Kanthi rêrikatan aku banjur nulis ana ing layang sacuwil isi tatanan, sarta banjur nolah-nolèh. Aku nuli gluyar-gluyur mara nyang gubug. Para prajurit iya padha sumurup, nanging sarèhne prentahe pandhuwure ora kêna tumindak apa-apa, iya mung padha mênêng-mênêng bae. Satêkaku ing gubug, layangku mau banjur tak salorogake ing sêla-sêlaning tembok, lan aku banjur ngêntèni. Mungguh isining layang mau, aku awèh parentah, supaya alon-alon padha ninggala gubug kono. Dene lakune padha nuruta watu karang, nanging têrus mangiwa, nganti têkan ing sungapan kang kapisan. Ana ing kono nuli aweha sasmita. Ora suwe mêsthi banjur ana prau cilik kang mêthuk, kang anggawa mênyang kapal gêdhe. Tujune para miruda mau padha mituruti apa pakonku, kang bêcik bangêt kanggone awake lan uga kanggone aku. Para prajurit mêsthine iya padha sumurup, nanging saka manut miturute marang parentahe panggêdhene, iya mung mênang-mênêng ora wani tumindak apa-apa. Aku ngêntèni satêngah jam, barêng aku ngrêti yèn wong-wong mau wis padha slamêt, aku banjur awèh sasmita sarana têtêmbangan kang isi pêpuji nyang Sang Nata Inggris, kang wusanane agawe rame mau.

Makatên mênggah jalèntrèhing lêlampahan ingkang mêntas kalampahan wau. Sêmunipun mila sajak gampil-gampilan kemawon. Mênggahing sang putri ngêmungakên gumun ing panggalih, dene têka samantên landhêping panggalihipun, punapadene kêkêndêlanipun ingkang raka anggènipun nindakakên pambudidayanipun angluwari para darah saking Prancis wau.

Ing kala punika dumadakan sang putri èngêt dhatêng kawontênanipun ingkang raka, ingkang jalaran dipun pisakit dening para prajurit, katingal lêmês sariranipun. Kalayan sêmu ajrih lan kuwatos sang putri umatur makatên: Nanging kêpriye saiki raose sariramu, anggone mêntas dipilara ing para prajurit mau.

Badhe kasambêtan.

--- 105 ---

Nomêr 27 taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangipta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Ulam alot sagêdipun êmpuk

Ulam ingkang alot punika manawi badhe ngêmpukakên, sadèrènging kaolah, limrahipun kagodhog ngantos satanakipun, murih dados êmpuk. Patrap angêmpukakên ulam ingkang kados makatên punika, inggih sagêd kalêksanan dados êmpuk, kapara sagêd ngantos moprol, nanging raosing anyiripun ulam ragi suda, jalaran kados ical sarinipun. Mila wontên reka sanèsipun malih, ngudi êmpuking ulam alot, botên sarana kagodhog ngantos têlas sarinipun wau, namung kalayan mayar saha tumindakipun gampil, inggih punika ulam alot ingkang badhe kaolah, punika sasampuning kakumbah rêsik sarta sampun kabumbonan saprêlunipun, dipun tètèsana tlutuh katès (katela gantung) sawatawis. Lajêng kawênyêt utawi kaulêta ingkang ngantos waradin, sasampunipun lajêng kaolah, kagorèng ing wajan, punapa kagodhog ing kuwali samatêngipun, punika sampun sagêd êmpuk lan momol.

Ulam utak murih kuwawi kaolah botên ajur.

Manawi badhe ngulah ulam utak, ing sadèrènging utak wau kabumbonan punapa mêsthinipun, dipun kumbaha mawi toya ingkang winoran apu (ênjêt) sawatawis, sasampuning kakumbah kalihan toya apu, lajêng dipun bilasi kinumbaha kalihan toya tawa sarêsikipun, nuntên dipun bumboni punapa sakaparêngipun, lajêng kaolah samatêngipun, utak wau sagêd kuwawi botên ajur.

Madosi tigan ayam ingkang botên kasumêrêpan panggenanipun.

Ingah-ingahan ayam êndhogan (namung kaalap tiganipun) botên dipun kurungi (kasêngkêr) namung umbaran, punika manawi sêmunipun mêntas nigan, ananging botên kasumêrêpan ing pundi panggenanipun, ayam wau ing wanci enjing, brutu utawi brotolipun, kagosoka mawi sarêm, sakêdhap kemawon ayam wau lajêng anjranthal amurugi papaning tiganipun.

Nyai Anim.

--- 106 ---

Rêsèp Dhaharan

1. Kare lêksa

Mundhuta ayam ingkang lêma satunggal, lajêng dipun rêsiki, bilih sampun kakumbah nuntên kairisi ingkang wradin agêng alitipun, lajêng kagodhog mawi toya ing kwali.

Dene bumbunipun kados ing ngandhap punika.

[Grafik]

R. Ngt. Pujirah

Rajangan brambang 1 sendhok dhahar, bawang 1 sendhok alit, kêmiri 1 ½ sendhok dhahar, jae 1 iris, kulit jêram purut 1 iris, sêre sakêdhik, traos bakaran 1 sendhok alit, lombok abrit kabucal isinipun 4 iji, kunir 3 iris, sarêm sacêkapipun.

Bilih bumbu wau sampun karacik lajêng dipun ulêg ingkang alus, nuntên kagorèng mawi lisah klêntik, bilih bumbu wau sampun satêngah garing (sumringah), godhogan ulam kasêbut nginggil wau kadèkèkakên kalihan toyanipun, kawêwahana santên 1 wijikan, têrus dipun latoni. Manawi sampun matêng dipun wadhahi ing basi lonjong, ing nginggil kauwur-wuwuri kêmangi, kalihan kawêwahan rajangan godhogan tigan, pangrajangipun tigan, 1 kasigar dados 4.

Pandhaharipun kagêm lawuh dhahar.

2. Pêcak daging

Daging lêmbu ¼ katos kakumbah ingkang rêsik, yèn sampun dipun irisi ingkang wradin, lajêng dipun sujèni têrus kabakar ingkang sae kadosdene sate, yèn sampun matêng dipun êntasi.

Damêlipun bumbu kados ing ngandhap punika.

Lombok abrit 4 iji, bawang 2 iji, kêncur 1 iris agêng, traos matêng 1 sendhok alit, jae sakêdhik, gêndhis jawi sapucuking sendhok tèh, toya jêram sambêl 2 sendhok dhahar, sarêm sacêkapipun, lajêng dipun ulêg ingkang lêmbat, yèn sampun ulam kasêbut nginggil wau kacêmplungakên, sujènipun kabucal lajêng kawradinakên kalihan bumbu, toyanipun jêram dipun siramakên ing ulam, kawêwahan santên kênthêl 1 gêlas, pandhaharipun ingkang mangêt-mangêt kagêm lawuh dhahar.

3. Pindhang kecap

Ulam kakap 2 iji kairis-iris ingkang sami agêng alitipun, kabumbonana kados ing ngandhap punika.

Lombok abrit 5 iji dipun sigari dados kalih, sêre panjangipun sadriji, godhong jêram purut 2 lêmbar, godhong salam 2 lêmbar, laos 4 iris, brambang bawang 1 sendhok dhahar, sarêm sacêkapipun, lajêng ngêngkrêngakên toya ½ kuwali, ulam kalihan bumbu kasêbut nginggil wau kadèkèkakên ing kuwali, manawi sampun umob kawêwahan kecap, 2 sendhok dhahar. Bilih sampun matêng dipun wadhahi ing basi.

Badhe kasambêtan.

Pujirah.

--- 107 ---

Bab Nyêrat (Ambathik)

Kok kados anganèh-anèhi, ngrêmbag padamêlaning tiyang èstri ingkang sampun kaprah, nanging manawi ing bab punika dipun petani, bokmanawi manggih kawontênan warni-warni, ingkang dèrèng kasumêrêpan ing ngakathah. Kuciwanipun manawi badhe nêrangakên bab nyêrat punika, lajêng ragi cotho botên sagêd ngêdalakên pola-pola, awit pandamêling gambar kêlise botên mirah.

Sêratan (bathikan) punika tumindakipun namung sambèn, kangge ala nganggur, nanging dangu-dangu ngantos dados panggaotan minôngka ngupados pangupajiwa.

Kasagêdan (kagunan) nyêrat punika aslinipun sampun wiwit kina-makina, turun-tumurun dumugi sapriki. Dene ingkang dipun pêndhêt kangge pola punika samubarang ingkang sumandhing utawi dipun kulinani ing sabên dintênipun, kados ta: kêris (curiga), dados parang rusak. Kolang-kaling (Sundha: kaung) dados kawung. Bôngsa sêsêkaran lan tanêman. Isèn-isèn wana lan têtanêman dados sêmèn utawi lunglungan.

Mênggah kawruh bab pola-pola punika dèrèng wontên têlasipun, dèrèng pêdhot, tansah dipun padosi, awot dumugi sapriki para juru gambar lan para sagêd tansah madosi pola-pola ing kinanipun ical tanpa lari, sagêda pinanggih malih kangge tuladha.

Pola punika wontên têgêsipun piyambak-piyambak, botên sadhengah tiyang kenging ngangge sakathahing pola. Miturut pranatan tanah karajan Jawi, wontên pathokanipun piyambak-piyambak, inggih punika kangge tiyang ingkang kenging ngangge satunggiling pola.

[Grafik]

Rara: Siti Mariyam.

Miturut papriksan lan panitikan, sinjang ing jaman kina punika namung dipun cêlêp, dipun kêlêng. Bangsanipun sogan punika kalêbêt gagrag enggal, bilih dipun samèkakên kalihan kêlêngan. Majêngipun jaman sapunika, caranipun nyoga (punapadene ngêcèt) sinjang punika lajêng dipun padosakên margi ingkang adamêl mayaring pakaryan, miringing wragad (prabeya) punapa malih ringkêsing pandamêl.

Badhe kasambêtan.

Siti Mariyam.

--- 108 ---

Bal Tamplèk

Sami-sami kasênêngan golonganing ulah raga, ingkang kenging dipun êmori ing golonganing putri tuwin kakung, punika ingkang dipun wastani main bal tamplèk, inggih tènisên. Malah pinanggihipun ing sapunika kenging dipun wastani sumrambah ing pundi-pundi ing papan ingkang rame.

[Grafik]

Ing rumiyinipun, lêlagên kados makatên punika limrahipun namung pinanggih ing golongan bôngsa ngamônca, nanging dangu-dangu lajêng tumular dhatêng golongan putri tuwin kakung tiyang siti.

Pinanggihipun ulah raga kados makatên punika sarwa mikantuki, sarira lajêng sagêd kiyat, tandang cikat, tuwin kawong dhatêng pasrawungan. Kawontênan tigang bab wau, saèstunipun manawi dipun manah nama sampun dados piguna gêng sangêt, nama nyêkapi bêtahing golongan wanita. Mirid saking ujaring para ingkang mangrêtos, tandang-tanduking para wanita ingkang ahli ulah raga wau sagêd kêtitik, awit sampun gadhah wônda piyambak, ingkang limrahipun dipun wastani nyrikandhi.

Ingkang pinanggih ing kitha-kitha agêng, manawi sampun antawising jam sakawan sontên, kathah para wanita ingkang rawuh ing papaning ulah raga wau, katingal sarwa mantêsi.

Lêlangên ingkang kados makatên punika pinanggih ing saindênging bawana, mila ugi asring wontên lurugan tuwin tandhingan sawung saking sanès nagari. Ing sapunika tumrapipun tanah Jawi sawungipun bôngsa Jawi Tuwan Samboja.

Ingkang kacêtha ing gambar punika nalika ing Cianjur kawontênakên têtandhingan ngrêbat ganjaran, van Starkenborgh bèkêr. Gambar ing nginggil nalika nuju main. Ing ngandhap, nalika Kangjêng Nyonyah Gupêrnur Jendral nampèkakên ganjaran wau dhatêng Tuwan Matsuda, ingkang pinanggih unggul.

Cara ulah raga ingkang kados makatên punika, tumrap sawanganipun tiyang ingkang nêmbe sumêrêp, tamtu amastani anèh, awit ingatasing wanita têka gadhah tandang kados tiyang jalêr. Nanging manawi dipun sawang dangu-dangu lajêng karaos bilih punika satunggiling ulah raga utami.

--- [881] ---

Ôngka 57, Stu Pn, 9 Jumadilawal, Ehe 1868, 17 Juli 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Angsal-angsal lêlayaran (Bima) - Bab sêsakit edaning sêgawon - Tri arga jêjêring carita, nawung rahsa - Kawontênan ing Inggris - Kawontênan salêbêting Jaarbeurs ing Bandhung - Blilutau - Wawasan badhe bidhal dhatêng paboyongan - Kabar warni-warni - Wêwaosan -Taman bocah.

Pangungsêt

Adêging lampahan ringgit sadalu

Saking cariyosipun priyantun ingkang ahli padhalangan, adêging lampahan ringgit sadalu, punika dados pasêmon adêging gêsang, wiwitan dumugi wêkasan, mila adêganing ringgit, kêdah cocog kalihan tancêpipun kayon, upami jêjêripun Nata Dwarawati, mangke wêkasanipun inggih adêgan Nata Dwarawati.

Tumrap kajêmbaraning pangothak-athik, lampahan sadalu wau isi bab warni-warni, kawiwitan saking kalairan ngantos dumugining kabatosan pisan, upaminipun bab pathêthing gêndhing 6, 9 tuwin manyura, punika dados pasêmon mênggahing ewah-gingsiripun wêwatêkan, wiwit anèm dumugi sêpuh. Inggih ing ngriku punika ingkang mêngku kajêng tumamaning wulang sae, tumrap perang-peranganing wanci wau sagêda têtêp botên ewah, dados saupami sampun wanci pathêt sanga, botên kenging namung badhe ambagêgêg wontên pathêt nêm, kêdah dipun ewahi, makatên salajêngipun.

Pinanggihing jêmbaripun pangudi, sawêg bab gôngsa punika kemawon sampun sagêdandhar-andharsagêd ngandhar-andhar. dados suluk piyambak, andharanipun sagêd marêmakên manah.

Ing sapunika ing bab ringgit, tumrap kapitadosan, ringgit sakothak punika sami kasarira sadaya, dados manawi makatên, tiyang ningali ringgit prasaksat kantun nocogakên lampahing kabatosanipun piyambak, upami nuju mêdal Durna ingkang gadhah tindak sarwa muthakil, lajêng ngakêni: nyata, aku iya sok anglakoni kaya ngono. Salajêngipun mêdal danawa, satriya, pandhita, ngantos dumugining dewa pisan, ugi sagêd ngiribakên wontên ing lêlampahanipun.

Mênggah sèlèhing kajêngipun lêlampahan ringgit sadalu wau, ing sakawit têntrêm, lajêng botên têntrêm (pêcahing lêlampahan) lajêng têntrêm malih (wêkasaning lêlampahan).

Manawi ngèngêti cêkakaning andharan kados makatên punika, sajak-sajakipun sampun cêtha mênggahing kajêngipun pawayangan. Namung sarèhning ngawaki dados wayang punika angèl, aluwung dados tiyang ningali kemawon, utawi dados wayang ingkang dipun wayangakên.

Cêkruktruna.

--- 882 ---

Angsal-angsal Lêlayaran Saking Bima

Dèrèng dangu kula dumugi ing palabuhan: Bima, inggih punika satunggiling palabuhan ing pulo Sumbawa sisih lèr wetan.

[Grafik]

Kadhaton ing Bima

Saking palabuhan kula lumampah kemawon, amargi niyat kula pancèn namung prêlu mlampah-mlampah kalihan ningali kawontênan ing kitha ngriku ingkang kalêbêt anèh.

Dèrèng watawis dangu anggèn kula mlampah, kula sampun eram, dene ing margi kula tansah kapêthuk tiyang ing ngriku ingkang sami amangangge sarung tuwin ikêt-ikêtan. Môngka ing panggenan-panggenan sawetaning kapuloan ngriku, ingkang nêmbe kula dhatêngi, kados ta: Èndhèh, inggih punika palabuhanipun pulo: Plorês, tuwin: Kupang, palabuhanipun pulo: Timur sisih kidul, kawontênanipun tumrap pangangge sanès sangêt. Ing ngriku pangangge tuwin warnining tiyangipun siti kenging kagolongakên kalihan bôngsa: Papuah. Mila eram sangêt sarêng wontên ing Bima, kula sumêrêp tiyangipun sami ikêt-ikêtan. Sanajan patraping mangangge wau beda kalihan ikêt-ikêtanipun bôngsa Jawi, ewasamantên ing satleraman sampun katingal bilih tiyang Bima punika sajatosipun taksih kapara sadhèrèk kalihan bôngsa Jawi.

Ing sadhatêng kula ing kitha, kula sumêrêp griya ingkang amangku kadosdene alun-alun, karêngga ing pot-potan lan kapagêran kajêng ingkang dipun êcèt pêthak. Miturut katêranganipun tiyang ingkang kula takèni punika kadhatonipun tuwan Sultan Bima: Mohammad Salahuddin, inggih punika satunggiling raja ing laladan ngriku. Miturut katêranganing tiyang wau, tuwan Sultan dipun bantu dening raja kalih ingkang sami dêdalêm ing kitha: Raba, watawis kalih pal saking Bima.

[Grafik]

Masjid ing Kitha Bima.

Ing ngajêng kadhaton wau wontên gapuranipun ingkang dipun jagi dening prajurit ingkang sami ngliga botên ngangge rasukan lan anyêngkêlit dhuwung ingkang pating galêbyar kasorotan ing srêngenge. Kula angsal palilah malêbêt ing pakawisan kasultanan. Ing wêkdal punika ing ngriku pinuju Mauludan, mila [mi...]

--- 883 ---

[...la] ing palataran kathah para abdi ingkang sami sowan, linggihipun inggih sami sila kados tiyang Jawi. Sadaya sami botên ngangge rasukan, wontên sawatawis ingkang nyandhing sanjata ingkang sampun kina, wontên malih ingkang anyêpêng tumbak lan tamèng, malah wontên ugi ingkang taksih pêrang-pêrangan tumbak tuwin tamèng, sarana dipun tabuhi mawi tambur.

Ing sanès panggenan ingkang sampun kasadhiyakakên, ugi ing palataran ngriku, wontên prajurit kapalan sawatawis ingkang ugi adêdamêl tumbak, sami anyirig-nyirig, nyarêngi suwaraning tambur, saking katêbihan dangu-dangu anyêlaki undhak-undhakan kadhaton (mriksanana gambar). Sadumugining ngriku prajurit wau saking satunggal sami angêthungakên tumbakipun minôngka urmat.

Ing sacêlaking alun-alun katingal mêsjidipun ingkang kalêbêt sae lan cocog kalihan kadhaton Kasultanan. Langkung eram malih sarêng sampun ragi sontên kula sumêrêp bilih namung masjid tuwin karaton kemawon ingkang ngangge dilah listrik, sanès-sanès griya lan sadaya toko namung sami ngangge dilah lisah pèt. Punika mratandhani bilih tuwan Sultan piyambak ingkang ngasta kabêtahaning masjid. Punapa malih nitik kathahing para kaji ingkang katingal ing margi-margi kula sagêd amastani bilih tiyang Bima sami kêncêng dhatêng agaminipun.

Ing sajawining kitha sabin-sabin sami katingal loh botên kêkirangan toya. Miturut katêranganipun tiyang ing ngriku sadangunipun sataun sagêd dipun tanêmi kaping tiga, inggih punika 1 pantun, 2 kêdhêle, 3 bawang utawi jagung.

[Iklan]

Pamêdal saking Bima kingkangingkang. misuwur piyambak inggih punika kapal. Saking kathah lan mirahing rêginipun, dalasan lare-lare sêkolah kemawon inggih sami numpak kapal. Ing palabuhan kula nêmbe nyumêrêpi piyambak baita K.P.M. ingkang kêbak isi kapal tuwin maesa saking Bima badhe kakintunakên ing sanès panggenan.

Kula pun: Sujadi.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing dintên Ngahad sontên, tanggal 18 Juli 1937, wanci ½8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom golflengte 190, ing bab Babad Giyanti. Ingkang mêdhar sabda Tuwan S. Sastrasuwignya.

--- 884 ---

Bab Kasarasan

Sêsakit edaning sêgawon, Hondsdolheid

Sambêtipun Kajawèn nomêr 54.

Sarêng sêrat kabikak, wosipun tuwan Pasteur mangke dalu katimbalan dhatêng kraton.

Tuwan Pasteur lajêng ngandika dhatêng garwanipun: manawa aku bisa nêrangake lan nyatakake bab kaanan kruma-kruma (bacterie) marang sang prabu rak iya wis cukup lan mêsthine sang prabu iya wis rêna panggalihe.

Nalika Tuwan Pasteur sowan ing kadhaton katampi dening para pangagêng saha abdi dalêm ing kraton. Saking pangintênipun dhoktêr kraton, Tuwan Pasteur wontênipun ing ngarsa nata tamtu botên sagêd ngandharakên pamanggihipun ingkang sagêd katampi dening sang prabu. Awit abdi kraton sampun munjuk yèn Tuwan Pasteur punika ragi ewah, botên kenging dipun mirêngakên punapa ingkang dipun aturakên.

Wusana sarêng wontên ing ngarsanipun sang prabu Tuwan Pasteur sagêd munjuk: Gusti, griya-griya sakit ing kitha Parijs ngriki punika griya ingkang damêl cilakanipun tiyang kathah, awit saking kirang rêsikanipun dhoktêr sapunggawanipun, tanganipun rêgêd mêntas nyênyêpêng dèrèng dipun rêsiki, prabot (instrument) dèrèng dipun godhog rumiyin lajêng kangge ngupakara tiyang sakit, tamtu kemawon saya damêl sakit utawi tiwasipun tiyang kathah.

Dr. Charbonnet wicantên sajak ngerang-erang: Rak inggih gandhèng kalihan kruma sampeyan: ta.

Tuwan Pasteur mangsuli: Inggih lêrês. Lajênging unjukipun dhatêng sang prabu: Dr. Charbonnet sagêd nyatakakên kruma wau ing microscoop amargi kruma wau ing sawatawis mênit kemawon sagêd tangkar-tumangkar ngantos dados ewon utawi yutan lan sagêd ngrisak utawi aniwasakên tiyang èstri ingkang nuju manak.

Dr. Charbonnet wicantên: Mokal sangêt kruma ingkang agêngipun botên wontên satêngu sagêd dados sabab pêjahipun tiyang. Abdi-abdi dalêm ingkang sami mirêngakên gumujêng, abdi-abdi èstri lajêng sami sumingkir.

Tuwan Pasteur matur dhatêng Dr. Charbonnet: Kauningana, sadangunipun kula mlampah sowan ing kadhaton ngriki punika, kula mirêng yèn semahipun abdi dalêm wontên ingkang tiwas, jalaran saking sêmbrananipun para dhoktêr utawi vroedvrouw ing kadhaton ngriki, inggih panjênêngan ugi tumut kalêpatan lan dosa, dene botên anjagi. Môngka samôngsa vroedvrouw punika anggarap para putri luhur ing kadhaton ngriki, tamtu sagêd anulari wisanipun sêsakit wau dhatêng ingkang dipun garap lan mêsthi sagêd andadosakên tiwasipun.

Dr. Charbonnet muring-muring dhatêng Tuwan Pasteur lajêng munjuk dhatêng sang prabu: Gusti, Pasteur punika andakwa dhatêng abdi dalêm, mastani abdi dalêm sêmbrana lan lêpat, damêl pêjahipun tiyang èstri wau.

Sang nata ngandika dhatêng Tuwan Pasteur sampun kalajêng-lajêng makatên, sampun anggêpok-gêpok,

--- 885 ---

ngraosi para putri ing kadhaton badhe katularan sêsakit punika, sampun damêl wasing manahipun para putri ing kadhaton. Pasteur kêdah jagi-jagi utawi ngatos-atos, nglairakên têtêmbungan ingkang kasar makatên, yèn sulaya, mangke tampi paukuman.

[Iklan]

Bab tiyang sagêd ngawètakên anggur utawi têtêdhan sanèsipun, punika saking pratikêlan pitêdahipun Pasteur. Ingkang punika nagari ngucap sangêt panarimahipun.

Badhe kasambêtan.

Sumadirja, Ind. Arts. Kudus.

--- 886 ---

Cariyos Kina

Tri arga jêjêring carita, nawung rahsa, rinipta ikêtan kina

Sambêtipun Kajawèn nomêr 56

Pangandikanipun Kyagêng Têmbayat, dhumatêng manungsa ingkang salah warni, awujud maenda.

Kacariyos, sabdanipun kyagêng dhumatêng manungsa ingkang salah warni wau, saksana waluya aparipurna. Ruwating saking cintraka, wangsul dados manungsa malih. Wondene kridhaning wacana, ingkang nglêbur papa nirmala wau, nama sabdaning wali pandhita, ingkang kusuk ing kajiwanggan.

Enggaling cariyos, eloking ngagêsang manawi badhe dados cariyos, tuwin lêlampahan, abdi tilas pambegal wau, mungal kalangkunganipun. Bokmanawi kemawon, kajawi kasamadan ing kanugrahanipun kyagêng ugi karebelan wahyuning gaib, anggèning cêcikru andhèrèk lara lapa, tut wuri ing kyagêng wau.

Kacariyos nalika kyagêng wontên ing Têmbayat dèrèng ngantos dangu, tumuntên karawuhan sang maha guru, inggih sang minulya Kangjêng Sunan Kali, prêlu tuwi karaharjan, ngiras nyindikakên sadaya dhawuhipun. Wondene kawontênanipun, nama samêkta botên anguciwani. Malah nalika samantên, Kangjêng Sunan Kali priksa dhumatêng abdi kêkasihipun kyagêng, katingal kacaryaning galih, mila lajêng kadangu kathah-kathah, nanging têtela pratitis sadaya aturipun, wasana kyagêng ngaturakên sagunging lêlampahan. Sarêng Kangjêng Sunan Kali miyarsa aturipun kyagêng wau, lajêng dhawuh: manawi makatên, abdi wau prayogi kaparingan nama Sèh Dumba. Tumuntên kadhawuhan nyêpuhi sadaya para santri, tuwin angimami wêkdal sêmbahyang ing masjid. Wondene nama Sèh Dumba wau, punapa kapêndhêt jarwaning lungsuran menda (dumba), punapa mirid uda wêdananing tiyangipun, sabab anggèning agêng inggil, punika namung nyumanggakakên.

Rèhning sampun kacariyos, kaelokan ingkang nama rinasuk ing angganing Sèh Dumba, mila sadaya para santri ênèm sêpuh, sami kêndhak tuwin ajrih asih, mituhu sapangrèhipun. Malah kacariyos, mênggahing kalangkunganipun Sèh Dumba manawi nuju adan, suwaranipun sora tur cêtha, kumandhang angênguwung ngèbêki bawana. Mila sarêng kapiyarsa dumugi ing Bintara, wasana nampi dêduka. Tumuntên dhawuh madosi, pundi dununging masjid ingkang asring mêncarakên suwaraning adan, ingkang ngumandhang sundhul ing ngantariksa. Rèhning Kangjêng Sunan Kali myarsa gotèking pawartos ingkang botên marêngakên, wasana enggal-enggal ngrumiyini tindak ing Têmbayat, lajêng dhawuh dhumatêng kyagêng, supados mêsjid ing Jabalkat, tumuntên karembak utawi kaandhapakên, jalaran suwaranipun Sèh Dumba manawi adan, kamirêngan saking Bintara. Mila ingkang punika, botên andadosakên kaparênging panggalih nata.

Kacariyos, kyagêng sasampunipun tampi dhawuh timbalaning sang mahaguru ingkang makatên wau, sakalangkung putêk ing panggalih, namung sarèhning winêngku ing nugraha, mila saksana lajêng manungku puja tapakur, wasana [wa...]

--- 887 ---

[...sana] kiyating cipta têmahan mahanani tumuruning ilham, irhas, mukjijat tuwin mangunah anggêlêng dados satunggal, nêdya têtulung dhatêng Sang Kaswasih. Kacariyos ing wanci bêdhug tiga (Subuh), saksana mlorot ingkang ponang masjid.

Makatên punika mênggah dêdongènganipun bab masjid ing Jabalkat, anggèning mandhap piyambak. Namung sarèhning jaman sapunika nama jaman pikiran, mila rekanipun, nalar kula lajêng kula nalar-nalarakên, amrih cundhuk kalayan raosing manah kula.

Batos kula: Lho, têka ngalor ngidul, kawontênan ing jaman kina kalayan sapunika. Nitik cariyos wau, bab anggèning adan Sèh Dumba, jalaran kêsêron, botên adamêl sakecaning pamirêng, wêkasan kasuwak.

Lho, manawi kalaras dumugi ngriku, ambêt-ambêtipun cariyos ing nginggil wau, sajak adhapur sêsinglon. Têgêsipun: botên jalaran kalêpatan, sabab soraning suwara adan, ingkang kumandhang angênguwung, nanging aruming wacana, tuwin mênciting tokitipun. Wangsulan kula: Sagêd ugi.

Badhe kasambêtan.

Wirasuharja, Kêbumèn.

Pawartos saking Redhaksi

K. 1492 ing Pacitan. 15 Juli 1910 dhawah: Ju Wa, 7 Rêjêb, Be 1840 wuku Wuye.

K. 349 ing Surakarta. 30 Juni 1908 dhawah: Sla, Wa 30 Jumadilawal, Je 1838, Kasa, Gumbrêg. Kenging kemawon, kêdah rêmbagan.

[Iklan]

--- 888 ---

Kawontênan ing Inggris

Pinanggihipun wontên ing môngsa ramèn-ramèn punika, sanadyan Inggris ing sêmu sumisih, nanging salugunipun sabên ngêmori damêl, malah katingal kawigatosanipun.

Ing ngriki prêlu kacariyosakên rumiyin, bilih ing wêkdal punika Inggris ngindhaki rantaman waragad dêdamêl ing lautan, gunggunging rantaman wontên 105.065.000 ponsêtèrling, dados indhakipun wontên 23.776.000 tinimbang taun kêpêngkêr. Waragad samantên wau kangge ngindhaki yêyasan kapal pêrang agêng alit warni-warni, kados ta kapal pêrang agêng 3, kapal kangge ambêkta motor mabur 2, kapal pêrang cêkapan 7, ingkang molung èwu ton 5, ingkang anggangsal èwu gangsal atus ton 2, kapal pêrantos andandosi 17, kapal silêm 7, kapal pangayoman kapal dagang 3, kapal kangge masang bom 4, kapal pirantos anganglang ing pasisir 5, kapal kangge andandosi kapal silêm 1 tuwin kapal pêrang alit 33. Punggawanipun agêng alit kawêwahan 10.864.

Ing sapunika tumrap gêgayutanipun Inggris kalihan paprangan ing Sêpanyol, saèstunipun Inggris tansah mulat dhatêng tandangipun nagari-nagari sanès ingkang gêgayutan kalihan Sêpanyol. Ing ngriku Inggris katingal anggènipun mindêng dhatêng tandangipun Jêrman, malah Inggris mêntas nyaruwe dhatêng tindakipun Jêrman wontên ing lautan têngah, manawi Jêrman tansah gadhah tindak grusa-grusu makatên, botên sande sagêd adamêl gêndra. Ing bab punika Jêrman mangsuli bilih Jêrman namung salugu sumingkir saking anggèning dados golongan anjagi tata têntrêm ing lautan. Nanging wangsulanipun Jêrman ingkang makatên punika, dèrèng damêl marêm, awit taksih kathah pasaksèn-pasaksèn ingkang nandhakakên bilih Jêrman ngêdêgakên kasantosan wontên ing lautan laladan Sêpanyol.

Ing bab punika Inggris kêpêksa botên pitados dhatêng tindak-tandukipun Jêrman wontên ngriku, mila lajêng ngawontênakên usul, supados ingkang kawênangakên anganglangi wontên ing pasisir Sêpanyol punika ngêmungna kapal pêrang Inggris tuwin Prancis, mawi dipun kanthèni juru paniti ingkang botên ilon-ilonên mrika-mriki.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên wau sadaya, têtela bilih Inggris punika pancèn mêngku kawigatosan sayêktos, dayanipun sumrambah mrika-mriki.

Pêthalipun Inggris kalihan Jêpan punika, Inggris lajêng tuwuh kasujananipun dhatêng Jêpan ingatasing babagan panguwaos ing Tiongkok Wetan. Kosokwangsulipun Jêpan ugi nyujanani dhatêng pasrawunganing padagangan tumrap Inggris kalihan Tiongkok. Malah salajêngipun katingal anggèning Inggris migatosakên dhatêng babaganing dêdamêl lautan ing Hongkong, inggih punika ingkang badhe gêgayutan kalihan babaganing dêdamêl lautan ing Singgapura. Nanging lajêng wontên gagapan bilih kasamaran ingkang tuwuh saking trajangipun Inggris kalihan Jêpan punika namung dados ulas-ulas kemawon, pinanggihipun malah saya rakêt, ingkang kanthi tôndha saksi kathah. Malah wos-wosing kajêngipun, Inggris badhe ngabsahi adêgipun Mansukuo, [Ma...]

--- 889 ---

[...nsukuo,] awit saupami Inggris botên tumindak makatên, atêgês pasupêkêtanipun saèstu pêthal. Môngka pêthaling kalih-kalihipun punika nama sami manggih kapitunan kados ingkang kapratelakakên ing nginggil. Nanging sarèhning kabêtahanipun agêng nagari kêkalih wau gêgayutan kalihan Tiongkok, inggih lajêng katingal bilih supêkêtanipun namung pinanggih sarwa rêndhêt.

[Iklan]

Kapal pêrang agêng punika, agêngipun wontên 35.000 ton, kanthi dêdamêl mriyêm 35 cm. kadosdene ingkang sampun katêtêpakên ing prajanjian kala taun kapêngkêr. Rancangan pandamêlipun kapal pêrang ingkang samantên agêngipun punika, Inggris kanthi ngajêng-ajêng mupakatipun Jêpan, adhêdhasar prajanjian rumiyin. Dene tumrapipun nagari-nagari sanès ingkang sampun anôndhatangani, ing prajanjian sapunika, kanthi aprajanji botên badhe damêl kapal pêrang agêng langkungipun saking 35.000 ton, kanthi mriyêm ingkang agêngipun langkung saking 33 cm. Nanging manawi Jêpan botên nôndhatangani ing prajanjian wau, tumrap nagari-nagari sanès inggih lajêng badhe damêl kapal pêrang agêng manut sakajêngipun.

Bab gêgayutanipun Inggris kalihan Jêpan punika katingal anggèning mawa kajêng ngêdêgakên kasantosan, amargi tumrapipun Inggris ugi ambêtahakên kêkiyatan wontên ing Asiah, mila tuwuhing prajanjian lami ing bab adêging dêdamêl ing lautan, adamêl kasamaraning nagari-nagari sanès. Môngka tumrapipun Jêpan, pinanggihipun ing sapunika botên tumut anggolong dhatêng prajanjian enggal punika. Dados anggènipun ngunduri punika mêngku kajêng lajêng pêpisahan kalihan Inggris.

--- 890 ---

Kawontênan Salêbêting Jaarbeurs ing Bandhung

[Grafik]

Para maos kados botên kêkilapan, bilih ing Bandhung sabên taun dipun wontênakên Jaarbeurs.

Ing Kajawèn inggih sampun mêntas ngêwrat gambar nalika pambikakipun Jaarbeurs wau.

Ing ngriki prêlu ngêwrat gambaripun malih sawatawis. Ingkang kacêtha ing nginggil piyambak jèjèr tiga, punika nalika kangjêng tuwan ingkang wicaksana rawuh mriksani padhasaran buku wêdalan Bale Pustaka. Kangjêng tuwan ingkang wicaksana katingal karênan ing panggalih, ngantos dangu anggènipun mriksani buku-buku. Rawuh dalêm ing ngriku punika dipun tampi ing panjênênganipun Dr. Hidding, up amtênar Bale Pustaka, ingkang dhatêngipun ing Bandhung pancèn badhe nampèni rawuh dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana.

Gambar ing têngah, pêpêthan dhusun Lamajang, laladan Pangalengan, Bandhung. Pêpêthan dhusun wau katingal langkung asri saha kenging kangge têtuladan. Ingkang mitongtonakên pêpêthan dhusun wau Radèn Dêmang Wiradhinata, patih ing Bandhung. Gambaripun rancangan kadamêl dening Radèn Jayadirêja, guru gambar pènsiun ing pamulangan calon guru ing Bandhung, tuwin ingkang andamêl pêpêthaning dhusun lurah ing Lengkong.

Ing ngandhap piyambak, gambar jênggêrênging gêdhong Jaarbeurs.

--- 891 ---

Blilu Tau

Anggitane: Wiryaharja

Sambungane Kajawèn nomêr 56.

[Sinom]

Wusanane saya tita / têtela wis ora mulih / malah têkan dina liya / iya mêksa ora mulih / wong loro saya sêdhih / kêsêl gone ngantu-antu / saking bangêting susah / nyang gawean nganti lali / gaga bêra kêbon jêmbrung ora gagas //

lali turu lali mangan / awake wis kuru aking / tôngga-tôngga sanak kadang / kêrêp tilik mituturi / têkane gênti-gênti / karêpe arêp nglêlipur / ngrêmbugi warna-warna / nanging ora klêbu ngati / kabèh rêmbug mung ditômpa kambang-kambang //

17. Mèh bilai

... saking kêmlaratan gawe wirang ing batin, bisa angrusak èngêtan

Maskumambang

Kacarita nuju sawijining wêngi / pêtênge anggagap / wong loro pinuju nglilir / banjur padha akêkadhar //

angin ngidid sumiyut nyuwara lirih / kaya awêwarah / amaripih ngarih-arih / kanthi sarèh ngarah-arah //

kang diarah lipure sing nandhang sêdhih / padha ngelingana / yèn bungah lan susah kuwi / uwis pêparinging Allah //

Gusti Allah Maha Wêlas Maha Asih / kuwasa misesa / saisining jagad iki / mung murih langgêng raharja //

sing kasandhang ing uwong mung gawe bêcik / anggagas mangkana / sing ênom wis rada lilih / alon olèhe gunêman //

biyung biyung ambok êmpun ampun sêdhih / cobi dika manah / napa pedahe prihatin / tiwas ngrusakake awak //

êmpun êngga sami ngaso tilêm kriyin / benjing-enjing gampang / dirêmbug murih prayogi / wangsulane Nyai Wana //

[Iklan]

iya gêndhuk ya bênêr kandhamu kuwi / wis tak arah-arah / murih maria prihatin / nanging mêksa ora bisa //

nanging gêndhuk kaya-kaya ing saiki / atiku wis lêjar / ora patia prihatin / wis ta ayo turu ngomah //

mantune wis rumasa lêga ing ati / turune kapenak / bokne isih mêrêm-milik /mêrêm-mêlik. anggêgês anggone gagas //

malah banjur alon tangi kringking-kringking / suwe kalintêran / êmbuh apa sing dipikir / sadhela-sadhela ngêsah //

mêsakake Nyai Wanajaya kuwi / anak bojo lunga / golèk butuh ora mulih / malah banjur tanpa kabar //

sapa wonge ora nalôngsa ing ati / duwe mantu anyar / bangêt anggone nrêsnani / ora bisa gawe bungah //

malah banjur kêpêksa bela prihatin / saking kamlaratan / agawe wiranging batin / bisa angrusak èngêtan //

gagasane timbang wirang luwung mati / urip prêlu apa / yèn mung mangkono lastari / tiwas andêdawa wirang //

Ana sambungane.

--- 892 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Wawasan badhe bidhal dhatêng paboyongan

V

Petruk : Mungguh banjure gunêmku dhèk anu kae, mangkene: kang kapisan: wong-wong sing budhal mau, kudu cêtha yèn saka karêpe dhewe. Yèn ana sulak-sulake sathithik bae, sajak gêlême mau dipêksa, sanalika kono iya diundurake.

Garèng : Wèh, iki dadi kêna diarani sawijining kamajuan salangkah. Sabab sêmu-sêmune lagu: parentah alus, wis dicanthèlake ing pagêr. Lumrahe, Truk, yèn saka suralaya ana parentah nyang ngarcapada iki, kuwi tumindake sok banjur main kongkurènsi alias: jor-joran. Sing sapa pakolèhe ambalêkênêk (akèh) dhewe, ya kuwi sing jêmpol dhewe, mulane kadhang-kadhang tumindake kuwi sok disaranani: mèsêm, mênthêlêng, malah ngacungi kêpêl barang.

Petruk : Ing bab iki sing kaya ngono kuwi ora bisa kalakon, Kang Garèng, awit, iya kuwi mau, anggêre katara sathithik bae yèn sajak pêksan, iya banjur diputus: tidhak bolih turut. Mulane ing ngarêp aku kôndha: mêsakake wong dadi priyayi pangrèh praja kuwi. Jalaran, kajaba kudu anggarap pagaweane dhewe sing wis sahohah kathik abuh kuwi, kapêksa kudu ngobêr-ngobêrake wêktune kanggo nêrang-nêrangake anane lêmah ing sabrang, sing arêp diparingake nyang wong tani bôngsa Jawa, kang kanthi gamblang bangêt kae. Lan kowe rak iya wêruh dhewe, sapira angèle iki, Kang Garèng.

Garèng : Iki aku ngandêl, Truk. Saka kurang pangrêtine wong desa, malah kêna tak arani: saka bodhone, nganti priyayi anggone nêrang-nêrangake nyang wong desa, sok nganggo disaranani: ... arêp nguntir gulu barang.

Petruk : Iki iya ora kêna dipaido, Kang Garèng, awit akèh bae wong desa sing dituturi dening priyayi, ora sabab saka ora bisa ngrêti, nanging sabab saka ora gêlêm ngrêti, pungkasane mung ngèngkèng mangsuli, lan priyayi kuwi uga wong lumrah, kadhangkala iya sok bisa ilang sabare, kang wusanane sok banjur main sêntak. Nanging dudu bab iki sing lagi dirêmbug, Kang Garèng, saiki tak banjurne ing bab prajangjiane wong-wong sing arêp budhal nyang tanah sabrang kuwi mau. Kang kapindho: wong-wong sing pancèn gêlêm têmênan budhal nyang sabrang, kuwi luwih dhisik dipriksa ing dhoktêr, apa awake waras, ora duwe lêlara kang nular lan sapadhane.

--- 893 ---

Garèng : Iki aku mupakat 125 prêsèn, punjul têlung benggol, Truk. Awit yèn wong lara, apa ana ing kana mung arêp golèk papan kubure bae. Sabab ing kana kuwi lêmah bubakan anyar, lumrahe durung lunga kabèh, nanging siji loro ana sing kêpancal sêpur, banjur kapêksa kèri ana ing kono, yaiku: dèn bèi ... panyakit rupa-rupa. Mulane iya wis mêsthine yèn wong-wong sing arêp budhal kudu dipriksa dhoktêr dhisik, supaya bisa kawruhan, apa wong waras, apa wong bangsane radèn, ... krêminên.

Petruk : Bênêr, Kang Garèng, mula iya mangkono, dadi sing dibudhalake kuwi iya mung wong sing waras bae. Ora cukup samono bae, Kang Garèng, wong-wong mau iya nganggo disuntik, kanggo nanggulangi lêlara: kolerah, tipês, lan bêbuwang gêtih umbêl.

Garèng : Cocog, Truk, supaya lêlara-lêlara mau aja dikulak mrana.

Petruk : Wayah, kathik kaya barang dagangan nganggo dikulak. Luwih-luwih wong-wong mau padha dipriksa ing dhoktêr kang kanthi sêtiti, nèk-nèke kanggonan lêlara kang nular.

Garèng : Salaman, Truk, salaman, aku: A - se - se bangêt, prêlune aja nganti wong siji loro ajak-ajak wong akèh sowan nyang eyang Yamadipati.

Petruk : Wayah, ambok kôndha bae, wong siji loro kang kanggonan lêlara kang nular, iki bisa agawe susahe wong akèh, sabab bisa katularan larane mau. Kang kaping pat: wong kang kêna pangkat kuwi kang batihe akèh-akèhe mung wong lima. Yaiku: lanang wadon lan anake têlu, sanadyan anake mung têlu, yèn wis jêjaka gêdhe iya ora kêna mèlu, Kang Garèng, jaka têlu mau kênane mèlu wong tuwane kudu rabi dhisik.

[Grafik]

Garèng : Aku ora cocog, Truk. Kang kapisan: geneya anak têlu kang wis jaka-jaka ora kêna mèlu wong tuwane. Kêna-kênane yèn wis rabi. Kuwi pancène rak malah bisa ambantu wong tuwane kanthi pêng-pêngan, sabab, wong wis jaka, kêkuwatane wis cukup kanggo ngolah sawah.

Petruk : Bênêr omongmu kuwi, Kang Garèng, pancène mono pambantu wong tuwane sing pêng-pêngan kae. Nanging ana sing dikuwatirake, yaiku cara pitike mêngko nèk jaka mau wis lancur, banjur klurak-kluruk, ênging. kono ora ana timbangane, iki bisa ngrusakake agama, Kang Garèng, nanging gunêm iki bêcik dilèrèni samene dhisik, awit isih dawa.

--- 894 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI

K.T. Ingkang Wicaksana badhe têdhak Cilacap. Wontên wartos, ing benjing sasampunipun K.T. Ingkang Wicaksana têdhak Karajan Jawi ing wulan Sèptèmbêr, kondurdalêm mampir Wonosobo tuwin Banyumas, nyare karesidenan. Enjingipun têdhak Cilacap nitih auto, lajêng têdhak Nusa Kambangan. Salajêngipun nitih kapal alit gadhahanipun N.V. Sukapura-Bongaardt dhatêng Kalipucang.

Mr. B.K.P.H. Djojokoesoemo, Mr. B.K.P.H. Djojokoesoemo putradalêm Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana sampun dumugi ing Tanjung Priok, saking nagari Walandi, nitih kapal Johan de Witt, salajêngipun pindhah nitih kapal K.P.M. dhatêng Sêmarang, dipun papag ing utusandalêm. Miturut pawartos, Mr. B.K.P.H. Djojokoesoemo wau badhe katêtêpakên dados pangagênging secretariaat Kraton Surakarta.

[Grafik]

Cliche Java-Bode

Lampahipun pandu saking tanah ngriki dhatêng nagari Walandi. Miturut wartos saking têtindhihing pandu saking tanah ngriki dhatêng nagari Walandi, lampahipun ing margi wilujêng, nalika enggal-enggalan wontên ing kapal inggih ragi katingal kau, nanging sarêng sampun kulina, lajêng katingal sênêng-sênêng. Ugi wontên ingkang sakit influenza, nanging botên nyamarakên, ugi wontên ingkang mabuk laut, nanging punika limrah.

Pabrik Goodyear ngindhaki wêdaling damêlan. Wontên wartos, pabrik Goodyear ing Bogor badhe ngindhaki wêdaling damêlanipun, badhe kawiwitan wontên ing wulan Augustus ngajêng punika. Sabên dintênipun badhe ngêdalakên band auto jawi 600 iji, band auto nglêbêt 600 iji, band sêpeda jawi 7500 iji, band sêpêda nglêbêt 6800 iji. Agênging pamêdal wau botên ngêmungakên kasade ingriki kemawon, ugi badhe nyadhiyani tumrap nagari sanès. Kajawi punika pabrik wau inggih badhe damêl band pasêkan, kangge dhilman tuwin tumpakan sanès-sanèsipun. Band pasêkan wau salaminipun asli andhatêngakên saking nagari sanès, dados tumrap tanah ngriki sawêg badhe miwiti.

Rêca kina ical. Hoofdopzichter barang kina ing Ngayogya nyumêrêpi bilih satunggiling bangsa Tionghoa ing Surakarta gadhah rêca-rêca kina ngantos atusan. Sarêng niti priksa rêrêksanipun piyambak, kasumêrêpan kathah ingkang ical. Salajêngipun lapur dhatêng pulisi.

Oskar Speck. Kados ingkang sampun dipun wartosakên lampahipun Oskar Speck, ingkang ngubêngi donya namung numpak baita alit, sampun dumugi Timor Dilly.

Murid Tawali School mogok. Murid Tawali School ing Padang Panjang mêntas sami mogok, jalaran wontêning tatanan wulangan ingriku botên nocogi, tuwin malih griya pamondhokan botên kajagi rêsikipun. Murid-murid wau anggèning mogok ngantos kawan dintên. Sarêng panêdhanipun dipun pituruti lajêng sami purun malêbêt malih.

Conferentie Volkenbond ing Bandung. Kawrat kêkancingan Nata tanggal 3 Juni 1937 no. 37, ngangkat pangarsa tuwin wakil wakil-wakil nagari Walandi ing conferentie kasarasan ing padhusunan ing tanggal 3 Augustus ingkang kawontênakên ing Bandung. Ingkang dipun angkat wau, tuwan: 1 W.F. Theunissen, onderhoofd D.V.G. ing Bêtawi, pangarsa; 2 tuwan Arifin S. Saidi Maharaja, ingkang kawajiban dados pangagênging afdeeling medisch-hygienische propaganda D.V.G. ing Bêtawi; 3. Prof. Dr. J.E. Dinger, pangagêng Koningin Wilhelmina Jubileum Stichting tumrap bacteriologie tuwin hygiene ing Bêtawi; 4 Prof W.F. Donath, maha guru miji ing G.H.S. ing Bêtawi; 5. Dr. J.L. Hydrick, adviseur tumrap hygienische organisatie D.V.G. ing Bêtawi; 6 tuwan H.J. van Mook, hoofdambtenaar Departement van Economische Zaken, ing Bêtawi; 7 tuwan W. Mooy, dokter Militèr klas 1 hygienisch instituut ing Bêtawi; 8 tuwan J.G. Overbeek, pangajêng nyirnakakên malaria ing D.V.G. Bêtawi; 9 Dr. Soesilo, inspecteur D.V.G. ing Sumatra Kidul ing Palembang; 10 tuwan M.F. Tydeman, residèn Priyangan ing Bandung; 11 tuwan S.W. de Wolff, inspecteur Prov. Gezondheidsdienst Jawi Kilèn ing Bêtawi; 12 Prof. Dr. P.M. van Wulfften Palthe, maha guru G.H.S. ing Bêtawi. Ing tanggal 29 Juli Dr. E. Pampana tuwin nonah I.C. Heap sami utusan saking Volkenbond dhatêng, kanthi tuwan Ch. 1e Bosquet, minangka jurubasa. Gêgayutan kalihan conferentie Volkenbond punika, wiwit tanggal 3 dumugi tanggal 13 Augustus ing gêdhong T.H.S. dipun dèkèki bijpost- en telegraafkantoor piyambak, kanthi nama Bandung-Volkenbond.

Dr. A.N.J. van der Hoop papriksa. Dr. A.N.J. van der Hoop, atas dhawuhipun pangagêng Pakaryan babagan barang kina, kapiji dhatêng tanah Sumatra Kidul, pêrlu nindakakên papriksan babagan kuburan sela ing Tanjungara, tuwin dhatêng Korinci mriksa patilasan kina ingkang sampun nyamar ing Danau Gadang.

S.S. langkung mirah tinimbang taun 1920. S.S. mêntas tampi panyeda bab awising waragad lampah, botên mirah kados kala taun 1920. Miturut katrangan saking S.S., malah waragad ing sapunika langkung mirah. Têtandhinganipun, kala October 1920 klas 1, sakilometer 5? sèn, klas 2, sakilomètêr 3¾ sèn, klas 3 sakilomètêr 1? sèn, tuwin klas 4 sakilomètêr 1¼ sèn. Dene sapunika pêpetanganipun 3.6; 3; 1½; 1.

Tram dalu. Benjing Pasar Malêm Sêmarang ingkang badhe kawontênakên ing wêkasanipun wulan punika, S.C.S. tuwin S.J.S. badhe ngawontênakên sêpur dalu. Ingkang kangge cobèn-cobèn ing tanggal 31 Juli, satunggal dhatêng Kudus, satunggalipun dhatêng Pêkalongan. Manawi tumindakipun pinanggih sae, badhe dipun adani malih wontên tanggal 7 tuwin 14 Augustus.

Jêmbêr bêtah dipun kèndêli mtormotor. mabur. Awit saking sarêmbaging para sudagar Tionghoa ing Jêmbêr, gadhah panêdha dhatêng K.N.I.L.M. supados kitha ngriku ugi dipun kèndêli motor mabur. Panêdha wau dèrèng wontên katranganipun, nanging mirid dununging kitha tuwin kathahing kabudidayan warni-warni, mèmpêr saupami ingriku dipun wontêni pakèndêlan.

--- 895 ---

Papriksa ing Enggano. Dr. Kohler, utusan saking pamulangan luhur ing Hamburg, Jêrman, sampun bidhal saking Benkulen dhatêng Enggano, pêrlu badhe mahamakên babading basa ing pulo ngriku.

Salingkuhan arta ing P.G.B. Ing wêkasaning taun kêpêngkêr Pêrkumpulan Guru Bantu (P.G.B.) damêl Congres, mindhah manggèning Hoofdbestuur wontên Bêtawi, ingriku petanging arta wontên f 2483.555, pinanggihipun namung f 700.-, tuwin rêkêning 2 isi f 15.-, dados arta kirang f 1768.555. Nanging lajêng wontên katrangan, arta wau dipun angge ing tiyang 3, f 1130.185, f 155.25 tuwin f 483.12.

Ing tanah Jawi kêkathahên tiyang. Mirid dhawuh pangandikanipun Mr. G.H.C. Hart, mirid saking kawontênan, ing tanah Jawi mêsthi angalami jaman ingkang botên sakeca, jalaran saking kakathahên tiyang. Dene ingkang minangka panulakipun wontên warni tiga, inggih punika anjêmbarakên têtanèn, misaya ulam ing tanah Jawi, tuwin ngajêngakên pakaryan ing tanah Jawi punapadene ngawontênakên paboyongan dhatêng tanah Sabrang.

Tuwan Prawoto kèndêl. Kawartosakên, tuwan Prawoto kèndêl saking anggèning dados warga College van Gedelegeerden, dene ingkang anggêntosi tuwan Van Baalen.

Papan tatanèn ing Pakêm. Bab ada-ada pandamêling papan têtanèn kangge para kacingkrangan sampun rampung. Arta pawitan ingkang kangge tumbas siti tuwin pirantos-pirantos dipun sadhiyani f 300.-. Pasitèn wau cêkap dipun ênggèni tiyang 240. Wiwitipun anggarap tiga kawan wulan malih.

Mr. R. Oetojo Ramelan. Mr. R. Oetojo Ramelan, putranipun wêdana pulisi kitha Surakarta, sampun wangsul saking nagari Walandi. Bidhalipun saking nagari Walandi mriki numpak kapal Jêpan, dumugi Singapura, saking Singapura dhatêng Bêtawi numpak kapal K.P.M.

Pasar Malêm Tulungagung. Benjing tanggal 28 Augustus ngajêng punika ing Tulungagung badhe wontên Pasar Malêm. Sadaya kawêdanan sami badhe ngêdali barang-barang damêlan tangan ing bawahipun piyambak-piyambak.

Niti tiyang mlampah. Commissie babagan margi ing Bêtawi nindakakên panitipriksa ing bab tatanan kawilujêngan ing margi, tumrap tiyang dharat, tiyang numpak sêpêda, kusir sadho tuwin grobag. Dumugi sapriki paniti wau dèrèng rampung. Manawi pinanggihipun pancèn nyata taksih kathah kasangsaran, ingkang tuwuh saking tindaking golongan wau, lajêng badhe ngawontênakên tatanan kadospundi prayoginipun.

Nyêpêng pangajêng pakêmpalan lampah awon. Miturut wartos, pulisi ing Bêtawi mêntas nyêpêng tiyang nama Oesman bin Andoet, pangajênging pakêmpalan wados, nama "Soeltan Ali Achmad". Pakêmpalan wau ngawontênakên warga kanthi dipun sukani karcis minangka tandhaning dados warga. Pangajêng wau cariyos, sêdyanipun badhe rekadaya supados sawarnining pajêg dipun icali. Wontênipun pakêmpalan wau ngangge nama Soeltan Ali Achmad, mêndhêt naluri saking namaning tiyang ingkang anggadhahi pasitèn kathah ing Paal Merah, Mangga Dua tuwin sanès-sanèsipun. Tiyang wau pancèn sampun dangu dados wawasaning pulisi.

Pabrik sêpatu ing Jawi Têngah. Miturut wartos saking Departement Economische Zaken, wontên panuwunan badhe ngêdêgakên pabrik sêpatu, satunggal Bata, satunggalipun botên kapratelakakên, ingkang kapilih ing Ngayogya, pêrlu mêndhêt mirahing bêrahan.

NAGARI WALANDI

Barang kina. Parentah Italie nyukakakên dhatêng parentah Walandi awarni mriyêm kina 4, jangkar 1 tuwin pirantos kapal sanès-sanèsipun, ingkang dèrèng dangu pinanggih wontên ing Stromboli tuwin kakintên barang wau asli kala jaman Michiel de Ruyter sasampunipun campuh ing Salerno kala tanggal 22 April 1675. Bab punika Minister Colijn apratela dhatêng utusan Italie, ing bab kautamènipun Italie.

ASIA

Paprangan ing Tiongkok. Sampun sawatawis dintên ing Tiongkok tuwuh pêrangipun golongan Tionghoa tuwin Jêpang ingkang langkung rame. Miturut wartos saking Peiping tanggal 13 wulan punika, kawontênan ing Tiongkok sisih Lèr taksih kasamarakên, nanging wakil militèr Tionghoa tuwin Jêpan tansah ngrêmbag murih rukunipun, sampun ngantos mrèmèn dhatêng pundi-pundi. Sarêng jam 10, wadya Tionghoa golongan 37 campuh kalihan wadya Jêpan wontên sacêlaking gapura Tahung, kitha Nan-Yuan. Kathah golongan Jêpan ingkang kenging katahan. Bangsa Jêpan ingkang sumingkir saking Peiping taksih anggili. Ingriku lajêng kêdhatêngan wadya Jêpan bêbantu saking sanès panggenan.

Kintunan mas saking Jêpan dhatêng Amerika. Kapal Niagara-Maru, gadhahanipun Nippon Yusen Kaisha, sampun bidhal saking Kobe dhatêng San Francisco kanthi ambêkta mas gluntungan rêgi 20 yuta yèn. Lampah punika kêgolong perangan kapisan ing golongan ingkang kaping nêm. Gunggunging mas ingkang sampun kakintunakên wontên rêrêgèn 290 yuta yèn.

AMERIKAH

[Grafik]

Mrs. Amelia Earhart. Inginggil punika ngêwrat gambaripun Mrs. Amelia Earhart punapadene kapalipun gêgana, kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn ingkang sampun kêpêngkêr, inggih punika nalika anggêgana nglangkungi sagantên agêng, wusana ical tanpa wartos wontên pundi dunungipun. Dumugi sapriki dipun padosi dèrèng pinanggih.

--- 896 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun: Baronesse Orczy

76

Sêr Blakêne: Ora prêlu kopikir, lèdhi. Tak tanggung, ing besuk Sopêlin mêsthi bakal tômpa piwalês. Mênênga bae, mêngko tak akalane supaya Sopêlin bisane nyabrang nyang Londhên manèh. Wadhuh, anggone utang nyang aku mêngkone arêp tak sauri nganggo anakan sing tikêl-matikêl kae.

Mirêng pangandikanipun ingkang raka ingkang galêndam-galêndêm sasakecanipun wau, sang putri lajêng gumujêng. Awit ing batos rêna panggalihipun, dene ingkang raka sampun katingal sigrak malih, langkung-langkung sarêng ingkang raka nyolahakên astanipun kalih ingkang kiyat lan santosa, kadosdene sawêg anglabrag tiyang, sang putri lajêng kapêksa gumujêng latah.

Nanging sakala punika sang putri ujug-ujug: nyat, jumênêng. Wadananipun ingkang katingal sumringah katingal pêtêng. Dene sabab-sababipun: ing nginggilipun sang putri mirêng kadosdene wontên tiyang ingkang lumampah nuju mriku, lan malih kathah sela-sela ingkang saking ing nginggil sela karang, ingkang kangge lênggah sèndhèn wau, sami dhawah mangandhap ngantos dumugi ing sagantên.

Kalayan kagèt sarta ajrih sang putri enggal-enggal pitakèn: apa kae.

Kanthi gumujêng ingkang raka amangsuli: ora ana apa-apa, lèdhi. Kowe kuwi sajak le lali karo mitramu dhewe, yaiku: Si Andre.

Sêmu bingah sang putri pitakèn malih: Lho, apa iya: Sêr Andre têmênan.

Sêr Blakêne: Ha iya dhèwèke, kowe rak iya ora lali, ta. Tujune, sadurunge aku mangan bêbarêngan karo mitraku Si Sopêlin, ora adoh saka rèsturan: Kucing Klawu, aku kêtêmu karo dhèwèke dhisik. Kala samono aku nyaritakake anane dalan kang anjog mrene, dalan iki menggak-menggok, tur iya adoh bangêt. Kajaba iku aku uga ngandhakake wayahe aku lan kowe sumadhiya ana ing kene iki.

Sang putri kalayan gumun sangêt: Apa Sêr Andre iya banjur mung manut miturut bae.

Sêr Blakêne: Manut miturut tanpa mangsuli apa-apa, lèdhi. Dêlêngên, kae, lho, dhèwèke têka. Dhèwèke ora ngarubiru aku, kalane aku ora ambutuhake nyang dhèwèke, nanging têkane dhèwèke mrene saiki kiyi, kabênêran bangêt. Dhèwèke iki pancèn iya wong pêng-pêngan têmênan. Mathuk saupama ing besuk dadi têtimbangane Nonah Susanah.

Salêbêtipun dipun raosi makatên wau, Sêr Andre kalayan ngatos-atos lumampah turut sela karang mandhap nuju dhatêng papanipun Sêr Blakêne tuwin ingkang garwa. Sapisan utawi kaping kalih Sêr Andre kèndêl amirêngakên rêmbaganipun tiyang kêkalih wau, awit inggih rêmbaganipun punika ingkang dados ular-ularipun papan ingkang dipun tuju wau.

Ing wusana Sêr Andre lajêng undang-undang kanthi ngatos-atos makatên: Blakêne, Blakêne. Apa kowe ana ing kono.

Botên watawis dangu Sêr Andre lajêng sampun dumugi ing sacêlakipun sela karang ingkang dipun lèndhèhi dening Sêr Blakêne tuwin ingkang garwa. Nanging sarêng nguningani Sêr Blakêne, ingkang ing kala punika taksih ngagêm-agêm ngemba tiyang Yahudi wau kagètipun tanpa upami, sarta lajêng kèndêl sajak sêmlangêrên.

Nanging ing kala punika, Sêr Blakêne sampun sagêd jumênêng, sanadyan kanthi rêkaos sangêt. Lan kalayan gumujêng ingkang lucu nanging sajak kados tiyang ingkang kirang èngêtanipun, panjênênganipun angandika makatên: iya, aku ana ing kene, mitraku, kanthi slamêt ora kurang siji apa, sanadyan wujudku nganggo sandhangan iki ora adoh karo mêmêdi sawah.

Sarêng Sêr Andre uninga bilih ingkang ngemba Yahudi wau, panuntunipun piyambak, sangêt ing gumunipun, ngantos kawêdal têmbungipun: tobat, tobat, ora nyana-nyanaa, kabèh ...

Ing kala punika dumadakan Sêr Andre priksa dhatêng Lèdhi Blakêne. Amila panjênênganipun rumaos bêgja, dene lajêng sagêd nahan têmbung-têmbung ingkang badhe kawêdalakên, ingkang têmtunipun botên sakeca kamirêngakên ing priyantun putri.

Kalayan sabar Sêr Blakêne ngandika: i, iya, aku wis ngrêti apa sing arêp kokandhakake. Ora, kôndhaa nyang aku, Andre, sasuwene aku durung kobêr pitakon nyang kowe, apa prêlumu ana ing Prancis iki. Parentahku kowe rak ora kêna ninggal Londhên. Apa kowe arêp ambangkang. Ati-atia, yèn pundhakku wis mari, kowe mêsthi bakal tômpa paukuman apa mêsthine.

Badhe kasambêtan.

--- 109 ---

No. 28, taun VIII

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR.

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50. KENA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK, LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN

MANGSULI LAYANG

Sêtoe Rèngèl, Bojonêgoro. Layangmu sarta kirimanmu karangan wis daktampa, bangêt panrimaku. Ananging aja pisan dadi atimu, aku ora bisa nuruti apa sing dadi panjalukmu, awit mèh kabèh bocah sing ngirimi layang, uga ngirimi karangan, dadi yèn kowe dikirimi T.B. lêlahanan, mêngko banjur kabèh-kabèh njaluk mêngkono, la Bu Mar banjur kapriye, Sêtoe, mara pikirên.

Soelasmini lan Soesilo Pêjagoan. Bangêt panrimaku kowe padha mêrlokake ngirimi lêlucon lan dêdongengan.

Soelastri Surakarta. Andadèkake sênêngku kowe kirim layang nyang Bu Mar sarta isi lêlucon lan cangkriman.

Apa kowe saiki wis libur lan apa munggah anggonmu sêkolah. Coba Bu Mar critanana, kapriye bijimu anggonmu proefwerk.

Soekartijah Malang. Wah wis lawas bangêt kowe ora nglayangi ibumu, lagi saiki jêdhul têka layangmu. Sukur, dene kowe ana Malang padha slamêt kabèh. Aku durung bisa mêsthèkake têkaku ing Malang. Dene yèn kowe arêp milu urun ngisèni T.B. ya kêna bae.

Soejati Gêdongan Tulungagung. Aku wis tampa layangmu, ngabari yèn kowe wis ngalih nyang Tulungagung, ora liya bangêt panrimaku. Batanganmu cangkriman wis bênêr kêbèh.kabèh. Ing sarèhne layangmu têkane kasèp, mula jênêngmu ora bisa kapacahkapacak. dhèk Sêtu kêpungkur.

Sri Mastoeti Surakarta. Layangmu karo-karone wis daktampa kanthi sênênging atiku. Bangêt panrimaku kokirimi karangan warna-warna. Wah, kok nakal-nakal têmên kucing lan asumu kuwi, aja kêbangêtên anggonmu ngajak gojèg, ta Sri, mêngko rak kowe kêntekan klambi, la nèk asune wis gêlêm nyokot, wah kojur kowe Sri.

Sri Sasanti Surakarta. Aku wis tampa layangmu, kang nyaritakake bab Suwijah lan surasane wis mangêrti kabèh. Karanganmu uga wis daktampa.

Dorèmi Batang. Lêluconmu lan batangan cangkriman wis kêtampan. Batanganmu sing bênêr mung siji, yaiku sing nomêr 2.

Soepartinah Bloran, Sragen. Bangêt bungahku tampa layangmu pitêpungan. Yèn kowe arêp urun ngisèni Taman Bocah iya bêcik bangêt.

S. Har Surakarta. Pêrkara karanganmu, sing ora kapacak iku sabab kurang apik. Elingana Har, Bu Mar iki kudu milihi karangan pirang-pirang, mula ya sabên bocah kang ngirimi karangan, mêsthi takkandhani, yèn ana papan bakal kapacak, awit niyatku ya arêp dakpacak kabèh. Mula ya ngêntènana bae sing sabar, yèn ora kapacak, ya tandha kurang prayoga.

Har, Bu Mar uga sênêng bangêt badminton, sabên sore, nanging olèhe main, ya mung janji namplèk, pêrlune mung kanggo ngêtokake kringêt. Kowe mêsthine ya wis kampiun ya Har, aku krungu jare kowe wis entuk bèkêr, rak iya ta?

Indinah Purwokêrto. In, Soemirah kang adrèse katulis ing ngisor iki kêpengin têtêpungan karo kowe. Yèn dhangan atimu kowe nglayangana dhisik nyang dhèwèke.

Soemirah p/a M. Djajasoemitra Guru bantu Klètèk Caruban. Layangmu wis kêtampan, surasane wis mangêrti kabèh.

D. Karsi Rêmbang. Kêtrima bangêt kokirimi portrèt lan karangan lêlucon. Karsi, aja pisan dadi gêlaning atimu, rêrêpènmu durung kapacak, awit saking akèhe rêrêpèn lan karangan saka bocah-bocah, sanajan rêrêpènmu wis lawas bangêt anggonku masrahake nyang redactie, nanging mêksa durung kapacak, durung kapilih, bokmanawa ya kurang apik. Mula ya sing akèh pangapuramu bae nyang ibumu ya D. Karsi. Pancèn angèl ngêmbani bocah-bocah, kudu bisa ngenaki ati. Niyatku ora mung arêp ngenaki atimu bae, nanging sabisa-bisa karanganmu ya kapacak, sanajan êmbuh kapan, nanging ya suwe-suwe ya arêp kapacak. Upama kowe ngirimi lêlucon têlu, ya aja banjur karêpmu kabèh kudu kapacak, nanging saka siji. Wondene yèn têlune mau, lucu utawa anèh bangêt, iku ya banjur kapacak kabèh sanalika iku, dadi rak kudu dipilihi, ya D. Karsi, ing mangka atusan, elingana! Aja giri-giri arêp duka nyang Bu Mar, sing sabar.

--- 110 ---

Soelastri. Barêng iki aku ngirimi adrèse Handini p/a R. Martodimêdja Gep. Hulpond (Lorok) Pacitan. Handini ora bisa ngirimi layang dhisik, panjaluke, kowe sing nglayangana dhisik.

Im. Sj. Oemar Purbolinggo. Wah, kok anèh ya kaanan ing desamu. Kapriye wonge wadon kang aran Soembini, apa isih ajêg kaya lagi anu, solah tingkahe apa ya isih kaya ula? Ach, mêsakake bangêt, bok iya enggala waras, ya Oemar? Kowe ngirimana kabar manèh, ya! Lêluconmu wis kêtampan, bangêt panrimaku, lan pambatangmu bênêr kabèh. Dhèk anu kae, aku lagi ngêlu, dadi ora nyang Tanjung-Priuk ndêlok padvinder sing arêp nyang Wereld Jamboree, dadi mung ngrungokake saka Radio bae. Cuwa aku ora duwe potrète, dadi ora bisa ngirimi.

Hizboel Wathon ing Batavia uga wis gêdhe.

Soewati Karangsono. Sukur bangêt, dene adhimu wis waras anggone lara malaria. Aja dadi atimu ya Ti, jênêngmu kliru pangêcape. Kanca-kancamu yèn arêp nglayangi Bu Mar, iya bêcik, dakarêp-arêp bangêt.

Sulardjo Kêbon Sirih, Batavia-Centrum. Bangêt andadèkake sênêngku, kowe mêrlokake têmênan enggal-enggal ngirimi layang nyang Bu Mar. Sukur bangêt kowe wis kirim layang nyang Soetarjo. Jo, ora susah cuwa atimu, aku ora mènèhi katrangan bab jênêngku. Rak ora pêrlu, ta Jo? Pêrkara pambadhemu, bênêr utawa luput, ya êmbuh, ya!

Layang-layang liya-liyane bakal takwangsuli Sêtu ngarêp.

Ibumu Mar.

LÊLUCON

Ana lurah desa wis tuwa, anuju sawijining bêngi ngrondhani desane ngajak prabot aran Dipa, jalaran desane rusuh bangêt, olèhe andhêdhêpi ana panggonan sêpi lan pêtêng, lurah prentah marang Dipa.

Lurah: "Pa, aku kang nyêgat kene, kowe ing sisih Lor kana, mêngko yèn takundang enggal maraa."

Antara ¾ jam Dipa krungu suwarane lurah undang-undang.

Lurah: "Pa! Pa! Pa!" ... Nganti arambah-rambah.

Dipa: "Nun! Nun! Nun!"... Nganti arambah-rambah.

Barêng wis cêdhak isih nyuwara Pa! Pa! bae, banjur diobori nganggo rèke, jêbul lurah lagi turu, kang nyuwara Pa! Pa! iku ambêkane nyuwara nang lambene, jalaran untune lurah wis êntèk babar pisan. Dipa nuli bali manèh mênyang panggonan maune. Ora suwe Dipa uga turu, karo nglindur.

Dipa: "Ana maling! Ana maling!" (Nganti rambah-rambah uga).

Lurah kagèt, banjur tangi, lan marani panggonane Dipa, nganti lurah wis cêdhak bangêt Dipa isih muni ana maling, ana maling bae, barêng diobori dening lurah, yèn Dipa lagi turu, banjur digugah ditakoni, ngomong yèn impèn-impènên. Dipa uga ngandhakake kaanane lurahe, banjur padha gumuyu karo mulih.

Soesila, Pêjagoan.

Bapak: "Thole Herman, mêngko anaa buri bae, yèn ana wong sapa bae takon marang aku kandhanana aku ora ana ngomah."

Herman: "Ya, pak."

Sawise ana têlung dina bapake takon marang Herman.

Bapak: "Man, mas Kramadiwirya kabare wingi wus puputan, nanging aku ora diundang; apa wingi ora ana wong utawa bocah kang dikongkon ngundang aku mrene."

Herman: "Ya ana, pak, Suradi têka mrene takon bapak, nanging dakkandhani bapak ora ana ngomah."

Bapak: "Pancèn kowe ora doyan brêkat."

D. Karsi.

Glèmboh: "Wèr, Wèr, kowe sêkolah ngêndi?"

Dowèr: "Aku sêkolah Amblêstir."

Glèmboh: "Wah yèn ngono kowe bisa maca, ya?"

Dowèr: "Mêsthi bae bisa, rungokna:

B-a = Ba. B-i = Bi = "Cèlèng"

K-a = Ka. K-i = Ki = "Simbah".

Glèmboh: "We la, pintêr ya! Yèn ngono aku kalah pintêr ya Wèr? Hi-hi."

Sulardjo

A : "Jêmuah, Jêmuah arêp mênyang ngêndi, ta?"

B : "Mênyang masjid."

A : "Arêp salat apa?"

B : "Ora, wong arêp ngijolake sandhal kok."

Sri Mastoeti

Wong sing bodho bangêt

Ana wong bodho bangêt, duwe bojo èlèk bangêt atine. Jênênge Karsarêja. Anuju sawijining dina, bok Karsa ginanjar lara bangêt, nganti tumêka ing pati. Ing batin pak Karsa malah bungah bangêt. Nanging lahire ketok susah. Sanak sadulure padha nglipur mangkene: "Wis aja akèh-akèh sing kopikir, bojomu wis mulih marang jaman kêlanggêngan. Iku wis dadi lumrahe wong urip ana ngalam donya. Awit paribasane mangkene: "Manawa mêntas mangsa kêtiga, banjur salin mangsa rêndhêng, sakabèhing wit-witan sarta têthukulan kang wis padha mati wiwit sêmi utawa urip manèh. Mangkono uga manungsa, iya urip sarta iya banjur mati." Pak Karsarêja mau barêng krungu paribasan mêngkono mau ing batin susah, awit sumêlang manawa bojone besuk ing mangsa rêndhêng urip-urip manèh kaya dene wit-witan. Saking bangêting sumêlang, nganti kêlahir: "Muga-muga Gusti Allah mung maringana urip marang sakèhing wit-witan kang wis padha mati bae, dene bojoku aja nganti urip manèh. Mangkono iku gagasane wong bodho bangêt.

Sri Mastoeti.

--- 111 ---

MURKA

Ana sêdulur loro, wadon karone, manggon ing sawijining desa. Sing tuwa klêbu sugih, ambêke sumangkeyan ora gêlêm tulung adhine kang mlarat. Mungguh adhine iku mlarat bangêt, omahe wis tuwa tur ala. Sawijining dina sêdulur sing tuwa duwe gawe mantu, adhine diundang. Nanging adhine ora dilêbokake ngomah, mung ana nglatar, lan ora disuguhi. Barêng bubaran, adhine mulih, lakune ngliwati kali. Ing kono dhèwèke nêmu watu kambang, banjur digawa mulih. Satêkane ngomah, watu mau tiba saka tangane, mlêbu ing anglo kang ana gênine angalad-alad. Nanging ora suwe ing kono banjur ana loji gêdhe wis pêpak uba rampene. Sandhang pangan kêbak bangêt ana jêro omah. Loji iku kêdadeyan saka watu kambang kang kacêmplung ing anglo mau. Uripe adhine saiki sênêng. Kocapa mbakyune barêng krungu yèn adhine sugih, mara, banjur takon, apa kang dadi sababe. Adhine kandha barès, saka wiwitan têkan wêkasan. Bakyune kêpengin arêp niru adhine. Banjur pangkat mênyang kali, golèk watu kambang, supaya bisa dadi loji. Barêng wis olèh, nuli diobong. Nanging dayaning wong murka, watu ora dadi loji, nanging dadi gêni ngalad-alad, lan... ngobong dhèwèke.

Mêngkono dongèng kang nandhakake olèh-olèhane wong kang atine murka.

Slamadi

BOCAH KÊSÈD

Ana bocah wadon, aran Darsinah, iku anake wong tani kang rada cukup sarta srêgêp ing gawe. Ing sarèhning si Darsinah mau anak mung siji, mulane ya dinama-dama bangêt dening wong tuwane. Wong tuwane tansah gawe bêbungah lan sênêng, murih bocahe sênêng uripe. Ananging wusanane bocahe banjur dadi bocah ugungan, barêng wis gêdhe ora ngêrti marang kuwajibane, ora tau gêlêm ngrewangi nyambutgawe wong tuwane.

Suwe-suwe bapakne banjur susah ngrasakake anake kaya mangkono. Kêrêp bae Darsinah disênèni dening bapakne, nanging dhèwèke mêksa ora mrêduli, awit bokne isih ngugung anake. Yèn bokne têka saka sawah, sayah awit êntas nyambutgawe sadina muput, Darsinah ora tau gêlêm ngladèni, mung lungguh bae malah dhèwèke njaluk diladèni. Darsinah saya lawas saya kêsèd.

Yèn bapakne têka saka pagaweyan, wêruh manawa anake wadon sadina muput ora gêlêm nyambutgawe, mung turu bae, barang-barang pating bêkakrak, prabot pawon isih padha rêgêd, dhèwèke nuli nêsu bangêt.

Kanggo wêdi-wêdi bapakne nuli kandha, yèn Darsinah arêp disêkolahake (kala samono isih langka bangêt bocah wadon padha sêkolah), supaya disinaoni nyambutgawe. Darsinah banjur nangis bae. Bokne nuli ngarêm-arêmi, yèn ora-orane si Darsinah arêp disêkolahake, wusanane bocahe banjur ora marèni anggone alêman lan kêsèd mau.

Bocah mau doyan bangêt mêmangan. Sabên bapakne têka sore saka pagaweyan, anjaluk lêgi-lêgi, bokne mêsthi mangsuli, yèn kabèh wowohan sêdhiyane bapakne wis êntèk dipangan Darsinah.

Kêsède Darsinah saya lawas saya bangêt, nganti ambuwang isi wowohan kang êntas dipangan bae iya aras-arasên.

Kacarita sabên dina si Darsinah mung mêmangan karo turon, lan sabên mangan wowohan kang ana isine ora dibuwang, mung dislêmpit-slêmpitake ing ngisor klasa paturon.

Sawijining dina bokne Darsinah lara bangêt. Wadhahe wowohan saiki ora ana sing ngisèni. Darsinah nuli susah, sabab ora ana kang dipangan, banjur têturon, tanpa ngopèni bokne sing lagi lara bangêt. Barêng sore bapakne têka saka pagaweyane, durung ana sêga. Dhèwèke nêsu bangêt, anake dikon olah-olah. Ananging sarèhning Darsinah ora tau gêlêm sinau olah-olah, ora ngêrti kapriye patrape wong olah-olah sarta adang, mulane kabèh kang diolah ora kêna dipangan.

Bapakne calathu mangkene karo susah: "O, dadi kaya ngene iki opahe anggonku kêsêl nyambutgawe, anak wadon ora bêkti karo wong tuwa lan mangan ora karuwan rasane."

(Ana candhake)

KAKANG ADHI

[Grafik]

Gambar ing dhuwur iki, bocah kakang adhi lagi padha dolanan, dilêlipur dening wong tuwane murih padha antêng lan aja padha ngrêngribêdi pagaweane wong tuwa. Sing gêdhe dikon ndelok gambar-gambar ing koran lan liya-liyane, adhine dicêkêli panganan lan dolanan liyane kang bisa nyênêngake atine. Dêlêngên, rak ya ndêmênakake.

--- 112 ---

CRITANE ANTÊPING JAKA

(Candhake)

Saiki gênti nyaritakake kyai Sudagar sabojone ana ing desa. Ing omah tansah sêpi nyênyêt, ora ana swaraning bocah, liyane ngrungokake kewan pomahan lan ibêr-ibêran ora ana manèh. Ing kono andadèkake sêdhihing atine bok Sudagar kang tansah dibatin bae; jalaran saupamane arêp dilahirake, wêdi karo sing lanang, mbok nganti ndadèkake pasulayan kang ora bêcik, ewa samono rèhning ananing ati kèlu, sanajana dilipura kaya apa, ya mêksa tansah kumanthil-kanthil bae. Sabab rumasa anggone duwe anak mung siji thil, barêng wis rada gêdhe, kok banjur dipisah karo panggonane, kang ora bisa wêruh ing sabên dinane. Gagasane bok Sudagar: "Iya nèk aku bisa mati tuwa, isih bisa suwe anggonku ngêmong, saupamane umurku tumuli dipundhut karo sing Kuwasa, gèk kapriye. Pamikir kèlu iku mundhak dina mundhak krasa, jalaran wis dadi kalumrahan golongan wadon ta? Nyang anak iku beda bangêt karo bab ananing wong lanang. Sabab saka ati sêdhih, bok Sudagar banjur ginanjar lara. Mungguhing larane saya suwe ora saya mari, malah saya bangêt. Kyai Sudagar ora mênyang pasar, mung tansah judhêg, mikiri larane bojone. Dhèk wingènane durung apa-apa, kok ujug-ujug saiki bangêt. Sajrone bok Sudagar nandhang lara, kyai Sudagar ora kêndhat anggone ihtiar tamba; nganti dilakoni thèthèl-thèthèl ya ora dirasakake, janji larane bojone bisa waras bae.

Sawijining dina, nalika kyai Sudagar lagi lungguh ana ing sajabaning kamar, disambi nggagas-nggagas lan golèk rekadaya, mênyang ngêndi anggone golèk tamba. Dumadakan krungu swara saka jêro kamar, lan kaya-kaya kang nywara mau wong nangis, tumuli ditilingake. Sawise têtela yèn swara mau sambate kang wedok, ya iku tansah ngundang anake kang ana ing pasuwitan. Ing kono kyai Sudagar banjur thukul panggagase, yèn larane bojone jalaran saka kangêne nyang anake lanang kang disuwitakake. Kyai Sudagar arêp êndang marani anake, mbokmanawa bisa ndadèkake marganing kuwarasan.

Isih esuk umun-umun kyai Sudagar wis tangi sumêdya arêp marani anake lanang. Lakune kyai Sudagar ora kacritakake, ora antara suwe kira-kira jam 8 esuk kyai Sudagar wis têkan ing dalême Radèn Sujana. Rèhning wêktu iku mangsane wong nyambutgawe, dadi Radèn Sujana ora kêtêmu, samono uga anake, sing ana dalêm mung bêndara putri. Barêng wayahe wis kondur, lan anake ya wis têka, tumuli padha bage-binage, nuli kyai Sudagar matur apa kang dadi karêpe saka ngomah. Barêng Radèn Sujana sêkalihan mirêngake kanthi ngêrêsing panggalihe, nuli nimbali si Sucipta lan ngêndika: "Le, le, rèhning ing wêktu iki mbokmu wis kangên bangêt, nganti dipêrlokake bapakmu marani, saiki tilikana, bêbarêngan karo bapakmu, mêngko nèk kira-kira wis mari kangên, kowe êndang balia mrene, jalaran kowe rak wis ngêrti dhewe, mungguh kang dadi kaanan ing kene ta!"

Sucipta matur: "Inggih ndara, manawi panjênêngan sampun paring dhawuh makatên, inggih sandika kula nyuwun pamit. Samono uga kyai Sudagar, barêng anake wis dililani, tumuli pamitan bali.

Sadalan-dalan si Sucipta anggone takon bab anane êmbokne ora lèrèn-lèrèn, ewa samono ora diwangsuli têrus têrang.

Ora suwe lakune wis arêp têkan ing desa lan sakarone padha ngrikatake, lan sadhela manèh wis têkan ing omah. Sadurunge anake niliki êmbokne, dijaga bangêt karo bapakne, supaya salin panganggo dhisik, mangan, ngaso, lan liya-liya panunggalane, supaya anake ora êndang tumuli niliki nyang anane êmbokne. Sajrone bapakne nglêlipur anake, krungu swara mak jlêrit kaprênah ana sajroning omah. Barêng wis ditiling-tilingake sing têmênan, dudu swaraning sapa-sapa, nyatane tangising bojone, jalaran saka ora tahane anggone arêp kêtêmu karo anake lanang. Mêngkono uga si Sucipta krungu êmbokne nangis, ora kêna dipênggak manèh, mlayu nggêndring marani panggonane êmbokne. Sakêtêmune karo êmbokne, wêruh lan ngêrti êmbokne lagi ginanjar lara, banjur njêrit sarosane jalaran saka kagète, samono uga êmbokne.

Ing omahe kyai Sudagar ing wêktu anake têka, kêna diarani anjalari udan tangis, kang ndadèkake sêdhihing tangga kiwa-têngêne. Dene kyai Sudagar tansah kamitênggêngên, ndêlok kaanan mêngkono mau. Saking ora tahane nganti ngrèbèlake luh, lan ngrungkêbi anak bojone. Sawise padha eling ora kêdhèp-kêdhèp anggone nyawang sing nandhang lara. Kaanane mbok Sudagar nalikane kêtunggon anak lan bojone, si cahya wis ketok pucêt, panjaluk utawa ucap-ucapan sing aèng-aèng bae, lan rupa-rupa kaya-kaya awèh pêrlambang arêp tumuli mulih mênyang jaman kêlanggêngan. Kacarita sing padha nunggoni, ora ana swarane babar pisan, liyane mung ngingêtake sing lara ora ana manèh. Dumadakan bok Sudagar njaluk ngombe banyu wantah. Sawise dijupukake, durung nganti diombe, awake mbok Sudagar wis krasa anyês, mripat mêrêm, napas wis ora ana babar pisan, jalaran wis têkan wêktune anggone dipundhut nyawane karo kang Maha Kuwasa. Barêng wis têtela têmênan êmbokne ora kêna ditakoni, tangising anak lan sêdhihe kyai Sudagar sangsaya bangêt, sabab rumasa mêsakake lan ditinggal kari. Sajrone nêmahi kaanan mêngkono mau, tangga kiwa-têngêne akèh kang padha nglayad, lan kabèh padha kêpengin sumurup gèk apa kang dadi sababe.

(Ana candhake)

--- [897] ---

Ôngka 58, Rê Pa, 13 Jumadilawal, Ehe 1868, 21 Juli 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Poliklinik "Kemadjoean Istri" - PêpadhangingPêpalanging. gêsang - Bab sêsakit ayam - Ing wanci enjing - Kawontênan ing Tiongkok - Bab sêsakit edaning sêgawon - Blilu tau - Kabar warni-warni - Wêwaosan - Stedelijk Historisch Museum ing Surabaya - Jagading wanita.

Poliklinik "Kemadjoean Istri"

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar poliklinik "Kemadjoean Istri" ing Mistêr Kornèlis nalika dipun rawuhi garwa dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, dipun dhèrèkakên ing para pangagêng kathah.

--- 898 ---

Raos Jawi

Pêpalanging gêsang

[Dhandhanggula]

Anarbuka têmbung ala bêcik / nênangi tyas rarasing sarkara / tandhês têdhas lêlandhêpe / dhêdhangir rèh silarju / nelak jêjêr jênênging janmi / waspadèng purwapada / sêdya nara sadu / sida dadya prasêtyarsa / anyotyani nalar tar tilar pakolih / pamilih tata janma //

jamaking wong mrih utamèng urip / tibèng nisthip yèn tan ngawruhana / ing bênêr bêcik dadine / bênêr mau kang mangun / paugêran marganing bêcik / yèn durung lumaksana / marga bênêr mau / amêsthi tan bisa têkan / kaananing ênggon kang ingaran bêcik / titikane kacêtha //

pêpêthane wong utang lan silih / yèn wong potang duwèni wêwênang / nagih pinrih panyaure / apa barang sinambut / yèn wong silih kang nyilih ugi / ugêre kawajiban / angulihke tamtu / manawa wong mau utang / wus têtela nora gêlêm anyauri / si potang padha wênang //

milungguhke atur marang adil / yèku dalan ênggon paugêran / jêjêr apa sabênêre / si utang kudu nyaur / kang mangkono lakuning ati / si potang lagi kêna / sinêbut wong wêruh / ing bênêr nêtêpi tata / liring tata wruh bedaning bênêr bêcik / luput kalawan ala //

lamun uwong pêpotang wus nagih / nanging mau si utang tan arsa / nyauri apa bênêre / si potang trima têrus / lair nganti tumêkèng batin / tan pisan sêdya gugad / ing bênêr rinêbut / mung [sugih] lila lêgawa / nora tau gêlêm ngucap angrasani / eklas salawasira //

iku têtêp kêna dèn arani / uwong bêcik panitike ana / anilar tan mrih bênêre / ugêring karêp tuhu / amangèstu ing laku bêcik / tulus tan nganggo tilas / pialaning laku / kang ngênani kene-kana / mula larang liring bêcik mung sathithik / dening kêliwat gawat //

dene mau sing sapa sêdyapti / anêtêpi marang paugêran / ing bênêr iku margane / kudu sêntosèng laku / kalis saking sakèh pakarti / ala maring sapadha / yèku witing laku / angêdohke kaluputan / manawa wong wus padha bisa sumingkir / saking sakèh piala //

iku aran wong bisa ngluwari / saking sakèh laku kaluputan / yèn wong wus bisa nyingkirke / saliring laku luput / dadi uwis bisa nêtêpi / marang ing paugêran / bênêre ing laku / dadi sing sapa wong sêdya / laku bênêr kudu bisa anyingkiri / salir panggawe ala //

manawa wong wus bisa sumingkir / saking salir ing laku piala / wus kalis saking sakèhe / iya laku kang luput / palupine kudu nglungguhi / ugêre kang nagara / mawa tata tinut / nêtêpi têpaning donya / nora onya beda-bedaning kadadin / dununge rahsa janma //

yèn manungsa nora ngrumasani / donya kudu nganggo beda-beda / nyambadani ing ugêre / watone kang tinamtu / mawa tata lire nuhoni / ananing beda-beda / nglêbur èndhèk dhuwur / undha-usuking pêpintan / iku têtêp uwong tan wruh kramaniti / têtela tanpa tata //

kang mêngkono iku wong kang mukir / pamêngkuning rahsa kamanungsan/ [kamanung...]

--- 899 ---

[...san/] samubarang panggawene / ala bêcik tan wêruh / bênêr luput sêmono ugi / mamak anrak pêpacak / anêmpuh pêpacuh / yèn jênêng janma manungsa / wus nora wruh marang panggawe kang bêcik / sabarang kanggo gampang //

wohing uwong kang wus tan wruh bêcik / gandhèngane iya kudu uga / tan wruh ing bênêr ugêre / yèn uwong wus tan wêruh / maring bênêr yèku sayakti / ya mung karya piala / sarwa laku luput / atine wus kalimputan / ing pêpêtêng tanpa gawe darbe budi / pambuka tatakrama //

marma para kang janma linuwih / padha mardi marang ing sapadha / murih wêruh ing lakune / kang ala iku nuntun / marang ati bisa nitèni / ing laku kaluputan / yèn wus wruh ing luput / lah iya tumuli bisa / wruh ing bênêr margane laku mring bêcik / babar jatining janma //

pra linuwih dera manggih margi / budidaya môngka pangupaya / ala luput pêpalange / tan ana liyanipun / amung kudu tuhu nyingkiri / ya marang pakarêman / cinitra kacatur / madat myang madon kalawan / minum main iku winih kang nganani / kêna salwir piala //

akèh lire mau aran main / tan ngêmungke botohan kewala / mangan lan nyandhang sêdene / lan liyanirèng kang wus / kliwat saking murwating dhiri / lah iya padha uga / main aranipun / manawa wong uwis bisa / nyingkur marang mau kang catur prakawis / wus adoh ing piala //

lamun uwong lumuh angilangi / kapat karêp maksiyating gêsang / tôndha gêdhe pialane / mula kang pra linangkung / sakalangkung dera malangi / dur ta catur prakara / kang uwus winuwus / wusana sadaya samya / amêmudya nirmala kang nyangkalani / panggubah badan widya // Iti.

P.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar bêna agêng ing margi sacêlakipun pêkên Martapura, Borneo.

--- 900 ---

Kawruh Sawatawis

Bab sêsakit ayam

Kados sampun pintên-pintên taun ing tanah ngriki tuwuh sêsakit ayam ingkang gampil nularipun tuwin adhakan damêl pêjah. Sampun pintên-pintên rekadaya ingkang katindakakên, nanging dèrèng manggihakên ingkang maton ingkang sagêd nyarasakên saèstu, sanadyan wontêna inggih sawêg kapanujon. Ewadene rekadaya anjampèni ayam-ayam sakit punika inggih tansah tumindak. Ing sapunika wontên pamanggihipun Tuwan J.B. van Wessel ing Kabanjae ingkang kapacak ing Deli Crt. saha salajêngipun kapacak ing kalawarti Landbouw, Veeteelt en Huisdieren. Katrangan ringkêsanipun makatên :

[Grafik]

a. Ayam ingkang botên sagêd kèndêl, tansah mubêng.

b. Ayam ingkang sêsêg napasipun, tansah andhêngak.

c. Ayam ingkang sampun lumpuh, botên gadhah daya malih.

Sêsakit ayam punika warni-warni, wontên ingkang lajêng lumpuh, cènggèripun lajêng cêmêng, grayangipun asrêp, wontên ingkang namung nyêkêkrêg lajêng mubêng, tuwin wontên ingkang kados lamur, têlihipun kothong.

Rekadayanipun, ayam ingkang sakit wau kawadhahana ing kothak alit ingkang ragi kobèt sawatawis, prêlunipun supados botên kêlabakan. Ing dhasar kadèkèkana pasir ingkang garing tuwin sêpêt, supados angêt.

Jampinipun, sakawit katêdhanana tablèt aspirin ¼, kalolohakên ngantos kalêbêt. Sasampunipun saêjam dipun ombènana lisah pèt sasendhok tèh. Dipun tindakakên sabên 3 jam sapisan.

Sasampunipun dipun ombèni lisah pèt, dipun sadhiyanana têdhanipun awarni: daging lêmbu dipun cacah lêmbat, dipun mori bawang ingkang sami kathahipun, dipun galindhingi sacêkapipun, kalolohakên, ing gulu kaurut-uruta murih ngantos sagêd kalêbêt, ngantos dumugi kêbaking têlih.

[Grafik]

Ayam ingkang wiwit kenging sêsakit, napas sêsêg, tansah thilêk-thilêk.

[Grafik]

Ayam ingkang sêsakitipun saya sangêt, lajêng lumpuh.

Padatan sasampunipun dipun tindakakên makatên, ayam wau lajêng thilêk-thilêk, anggènipun polah kèndêl, wulu botên anjêgrig malih. Manawi pinanggih tandhanipun kados makatên, punika

--- 901 ---

wontên antawising pitulung. Antawis tigang jam malih badanipun sêgêr. Nanging manawi dèrèng pitulung, têdhanipun ingkang dipun galindhingi wau dipun wêwahana sêre karajang lêmbat.

Sontênipun sasampunipun dipun lêbêti aspirin, jangkêp kaping sakawan, dipun têdhanana gandum, jagung utawi wos abrit. Sampun pisan-pisan dipun têdhani gabah. Têtêdhan wau dipun lêbêtna sakêdhik-sakêdhik ngantos kêbak têlihipun. Manawi dalu sampun dipun sukani ngombe toya, sawêg enjingipun kenging. Dene manawi ayam wau botên purun ngombe, prayogi kaêsokakên ing cucuk.

Pangombenipun prayogi dipun sadhiyani toya saêblèg lisah pèt dipun cêmplungi tablèt chinosol 1, sagêd mundhut ing griya panyadean jampi.

Ayam punika dipun pakanana bangsaning gêrèh dipun dhêplok lêmbat utawi têri, supados saya ngêlak, lajêng saya kathah anggènipun ngombe. Manawi ayam wau purun saba, nandhakakên sampun saras.

Wara-wara

Ngaturi uninga, ing dintên punika Petruk botên ngêdali ing Kajawèn, amargi taksih sangêt sayahipun anggèning mêntas kesahan dhatêng Sumatra sisih kidul.

[Grafik]

Ing nginggil punika ngêwrat gambaripun kabinèt enggal ing nagari Walandi nalika parêpatan ingkang kapisanan, wontên ing gêdhong dhepartêmèn yustisi ing Plein, 's Gravenhage dipun pangajêngi dening ministêr presidhèn tuwan Dr. Colijn.

--- 902 ---

Panglipur Manah

Wanci enjing

Kinanthi

Kanthi kakênaning kalbu / marna raras bangun enjing / kapyarsa sagung ocehan / sikatan ing taru tiris / cumègêr cikat lumumpat / sêmbari ngocèh ngacuwis //

[Grafik]

Bangbanging bangun tumimbul... srawungan wayangan tirta...

yayah nambrama mawèh wruh / ring wuryaning wanci enjing / srigunting raras gêndhingan / karêngya ngocèh mawanti / sumêla swarèng kuthilang / kacêr ambarung barêngi //

sata wurahan kaluruk / mudhar saking dera guling / cakikèring sata wana / sumamar barongan ori / linut ing liyan sauran / lingsêm yèn ngantya kawuri //

janma wungu pungun-pungun / èsmu kalêson nabêti / nging kadayan bun têmbeyan / gumregah ganggas nyêgêri / mèngêt jinanji kwajiban / yèn kudu ngangkati kardi //

berag bêbarêngan bakul / krêngkèting pikul kapyarsi / sumêla sindhèning rara / cumêngkèng linaras gêndhing / wisata mring pasar kitha / sadeyan wêtuning bumi //

jalwèstri sêlur gumrudug / dalêdêg urut ing margi / sawênèh numpak kareta / winratan wawan tan sipi / age agahan mrih prapta / ing unggyan ingkang kinapti //

mawantu timbaning ranu / grag-grèg senggote gumêrit / gathiking kang bala pêcah / cawuh cawan cinangkiwing / basi binrêsihan toya / cuwo cowèk myang kuwali //

thak-thok kandhange thinuthuk / pacêl onya mancêlati / lumarak slarak linarak / kewane dilir giniring / mring sawah tinrap ing karya / anggaru têgaling sabin //

bang-banging bangun tumimbul / tambuh sumambirat wradin / môngka sasmitèng Hyang Arka / derarsa nyuluhi bumi / srawungan wayangan tirta / tlerame tinon mawèh sri //

sêngsêming driya tumanduk / ring sangura gita dadi / kadadak kandhuhan kira / tan dungkap karsaning Widhi / wêdharing kang môngsa kala / tangèh cinakra ing budi //

dhêngdhêngane kodhêng kidhung / lir kapadhêt andhêdhêti / rumarasing driyasmara / rangu-rangu mangonêngi / pinuntu pantoging nala / luwung lalu ngundang modin // Iti

Cah Mungup

--- 903 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Ing bab kawontênanipun Tiongkok anggèning pasulayan kalihan Jêpan, sampun dangu pinanggih sirêp. Nanging mênggah nyatanipun, sirêpipun wau inggih botên kêndhat tansah ngawontênakên rêmbag ingkang raosipun mêngku kasamaran. Rêmbag wau dangu-dangu saya mrênding saha nyêlaki dhatêng pasulayan malih, wusananipun kalampahan dados pasulayan yêktos.

[Grafik]

Têtiyang ing laladan Tiongkok nuju sami nyambutdamêl anggêjigi siti supados madhêt.

Mênggah ingkang dados jalaran, ing Tiongkok sisih lèr, tansah wontên kemawon sabab ingkang badhe andadosakên pasulayan, botên sanès jalaran saking anggèning sami badhe nyantosakakên panguwaos. Ing ngriku golongan Tiongkok têtêp anggènipun botên nayogyani dhatêng prajanjian-prajanjian ingkang dipun ajêngakên dening Jêpan, kajawi ing bab unduring tatanan baris. Nanging panampinipun Jêpan, bab wau sampun dipun sayogyani. Ing bab punika lajêng wontên golongan Tiongkok ingkang narambul ing ginêm, bilih sawarnining prajanjianipun Tiongkok kalihan Jêpan punika, manawi botên wontên tandhanipun dipun sayogyani dening pusêring parentah Tiongkok ing Nanking, dipun anggêp botên absah.

Usul ingkang kados makatên punika damêl mrêkitikipun Jêpan, lajêng anglairakên ginêm, bilih bab makatên punika, tumraping golongan sanès botên prêlu ngêmori rêmbag.

Wantunipun sadaya punika sampun sarwa jagi-jagi, sawarnining rêmbag punika kadosdene namung dados sarana badhe pêcahing pasulayan, wadya Tiongkok cacah 85.000 lajêng bidhal dhatêng Tiongkok Lèr, badhe ngêpang laladan Hèpèi, tuwin sampun sadhiya wadya sanèsipun malih cacah 160.000 baris wontên uruting margi sêpur Lunghai. Nanging sanadyan ing kala punika wadya wau nama sampun ajêng-ajêngan kalihan mêngsah, mêksa taksih kêdunungan sabar, taksih nyarantosakên dhawahing karampungan. Ing salêbêtipun nyabarakên wau wontê-

--- 904 ---

[Grafik]

Bôngsa Tionghwa ewon, ing nagari Tiongkok nuju sami nyambutdamêl sêsarêngan.

--- 905 ---

na pabarisan Tiongkok tuwin Jêpan pinanggih saya tumata. Namung ing Pèiping lajêng nêtêpakên tumindaking undhang paprangan. Ing ngriku lajêng tuwuh wontên suwaraning sanjata mêsin kumrutug, adamêl gambiraning manahipun para militèr. Ing ngriku tumrap Tiongkok gadhah panguda raos, bab punika manawi botên wontên pamoring rêmbag-rêmbagipun nagari sanès, sagêd ugi dados paprangan agêng. Salajêngipun kalampahan ing sakubênging dhusun Caisèn Miao, ing sakilèn Pèiping wontên wadya campuh kalangkung rame. Ing ngriku wadya Jêpan kèngsêr, wadya Tiongkok ugi lajêng ngunduri, badhe ngêntosi têtêping pêrangan malih. Dados tindak punika kadosdene namung pêpucuk.

Nanging bab pasulayan punika inggih lajêng dados paprangan yêktos, ing sakidul Pèiping wontên campuhan sakalangkung rame, wontên granat kalih anjêblos wontên sanginggiling tembok kitha, nanging wadya Jêpan lajêng ngunduri dhatêng Pèngtai. Ing ngriku wadya Jêpan wiwit ebah ngajêngakên motor mabur nêmpuh wadya Tiongkok ing Nan Yuan, nanging Jêpan taksih gadhah raos miring, bab panêmpuh wau jalaran namung saking malêsi saking tindakipun Tiongkok anggèning nyanjatani motor mabur Jêpan ingkang botên niyat damêl karisakan.

Namung mênggah nyatanipun, pasulayan ingkang sampun kados makatên kawontênanipun, botên kenging lajêng dipun wastani saking tuna dungkaping tindak, sadaya kawontênanipun namung sarwa kêdah tumindak makatên. Tandhanipun bilih nyata badhe saya rêrêmpon, dhatênging wadya Jêpan numpak sêpur anggili tanpa kêndhat, lampahipun tumuju dhatêng pundi-pundi.

[Iklan]

Manawi kawêdalipun ing rêmbag, campuhipun yêktos taksih ngêntosi dangu, nanging nyatanipun sampun botên kenging dipun sêmadosi malih. Mênggahing pangrêmbag inggih tansah tumindak sagêdipun antèr, namung pinanggihipun botên sagêd anocogi.

Sarêng sampun saya rupêk tuwin sampun pinanggih pêcah kados makatên, wontênipun inggih lajêng têtêp nama pêrang. Miturut wartos, suwaraning sanjata mêsin tanpa wontên kèndêlipun, kamirêngan cêtha saking pundi-pundi, inggih punika suwaraning sanjata mêsin Tiongkok ingkang kangge ngundurakên ajêngipun wadya Jêpan ingkang nêmpuh Kwan Ying Tang. Wadya Jêpan ingkang nêmpuh wontên 400 kanthi oto lapis waja 65. Ing ngriku wadya Jêpan kasoran, kêpêksa angunduri kanthi karisakan. Wusana unduripun lajêng ngawontênakên gêlar enggal, ingkang saya cêtha mujudakên kasantosan tuwin badhe agênging paprangan.

Ing sapunika Tiongkok nama tuwuh pêpêrangan malih.

--- 906 ---

Bab Kasarasan

Sêsakit edaning sêgawon Hondsdolheid

Sambêtipun Kajawèn nomêr 56.

Dhawuh nata, ing têmbe manawi Pasteur nglajêngakên papriksan pangudi lan nyinau ing babagan kadhoktêran utawi sanèsipun ingkang sagêd mitulungi dhatêng kabêtahan umum, sadèrèngipun dipun sêbarakên dhatêng ing ngakathah, prayogi kêdah nglapurakên utawi nêrangakên dhatêng kêmpalanipun para dhoktêr (geneeskundige kring) rumiyin, ingkang anjagi kasarasanipun tiyang sanagari.

Tuwan Pasteur badhe munjuk punapa-punapa dhatêng sang prabu nanging botên kawêdal, amargi dipun candhêt piyambak, namung lajêng kèndêl andhingkluk.

Dr. Rossignol pambantunipun Dr. Charbonnet ingkang andhèrèkakên ngadhêp ing ngarsa nata tumut cawe-cawe, munjuk dhatêng sang prabu: Gusti, kadospundi sêrat sêbaranipun Pasteur ingkang sampun dipun sêbarakên, ngawon-awon sadaya dhoktêr ing Parijs ngriki.

Sasang. nata dhawuh supados sêrat sêbaran ingkang prêlunipun namung ngawon-awon para dhoktêr wau prayogi dipun tarik wangsul kemawon, yèn botên makatên, Tuwan Pasteur tamtu tampi ukuman saking nagari.

Tuwan Pasteur kalilan mundur saking kadhaton, lajêng mantuk. Dumugi griya, ambruk tilêman ing dhipan sarta ngandika dhatêng ingkang garwa: mari, barang-barang kabèh iki tatanên, buntêlana lan diwadhahana, ayo padha lunga saka Parijs kene, sesuk mangkat.

Ing taun 1870 wontên pêpêrangan Prancis kalihan Jêrman, asmanipun Tuwan Pasteur sampun kasilêp, têtiyang sampun sami supe.

Ing pêpêrangan agêng wau Prancis kawon, Sang Prabu Napoleon III kèngsêr lan sampun kèndêl. Ing Prancis madêg nagari ingkang tanpa ratu, dipun pangagêngi dening presidhèn Adolphe Thiers.

Ing kêmpalaning para ministêr, presidhèn ngandika: tuwan-tuwan, sampun sami pirsa bilih Bismark (Jêrman) purun ngundurakên prajuritipun saking nagari Prancis ngriki, yèn Prancis sagah ngulungakên Elzas lan kêdah ngawontênakên arta têtêmpah kapitunan 50 milyar prang. Sapunika saking pundi angsalinangsaling. arta ingkang samantên kathahipun punika.

Ministêring babagan arta praja gèdhèg-gèdhèg, anggalih kadospundi sagêdipun ngawontênakên arta 50 milyar wau, panggaotan botên majêng, jalaran wontêning pêpêrangan wau. Babagan têtanêman nagari botên sagêd migatosakên, kawontênanipun rajakaya ngrètèg, amargi katrajang pagêblug sêsakit miltvuur ingkang waragadipun yutan ing sataunipun, dados pamêdal paos saking ulah têtanèn tuwin sanès-sanèsipun botên sagêd kasil, namung ing dhistrik Arbois ingkang cacahipun rajakaya majêng, paosipun inggih majêng malah sagêd mindhak majêng.

Presidhèn andangu: Punapa sababipun dene

--- 907 ---

Arbois sagêd bayar paos cêkap, sanèsipun dhistrik botên.

Ministêr mangsuli: Amargi ing Arbois rajakaya botên kaparag ing sêsakit, sêmunipun kewan-kewan ing ngriku sami kalis dening sêsakit miltvuur.

Presidhèn dhawuh: Yèn makatên kula badhe nêdha katrangan saking dhirèktur têtanèn. Dr. Radisse supados utusan mriksa kawontênanipun ing Arbois, dene cacahing rajakayanipun mindhak majêng tur sami kalis dening sêsakit miltvuur punika, punapa sababipun, punapa wontên jampi ingkang sagêd nanggulangi utawi ngalisakên sakit wau. Satunggal-tunggalipun kewan ingkang gêsangipun kasarasan punika sagêd mitulungi dhatêng nagari tuwin sagêd damêl mardikaning nagarinipun.

Dr. Radisse sasampunipun tampi dhawuh lajêng tindak, dipun dhèrèkakên pabambantunipunpambantunipun. dhatêng Arbois.

Sarèhning tindakipun Dr. Radisse dhatêng Arbois punika kêdah sagêd ambatang cangkriman ing Arbois, mila pangunandikanipun ing salêbêting panggalih: yèn sapi wêdhus ing kene iki padha kuwarasan, bisa kalis dening miltvuur iku, bokmanawa pancèn ing tanah kene lêlara miltvuur ora bisa thukul utawa tanahe duwe daya kang bisa ngalisake lêlara miltvuur marang kewan-kewan mau.

Ing dhistrik Arbois lêmbu-lêmbu tuwin menda-menda ing pangenan sami katingal lêma-lêma saha giras. Dr. Martel inggih punika pambantunipun Dr. Radisse nudingi ngatingalakên, yèn rajakaya ing ngriku sami saras tur lêma-lêma.

Dr. Radisse ngandika: Bêgja wong ing dhistrik kene iki.

[Iklan]

Dr. Martel kapengin sumêrêp sabab-sababipun dene kewan-kewan wau sami kasarasan, môngka ing sanès panggenan racak-racakipun sami kaparag pagêblug. Lajêng pitakèn dhatêng lare angèn: He, bocah angon, apa wêdhusmu ora ana sing padha lara, katrajang miltvuur.

Wangsulanipun lare angèn: Miltvuur niku napa, dhèk siyin menda kula ênggih pancèn sok sami sakit, nanging saniki êmpun sami saras. Ing ngriki ontên tiyang kang sok purun tulung anjampèni sapi lan wêdhus, milane wêdhus kula sami saras-saras.

Badhe kasambêtan.

Sumadirja, Ind. Arts. Kudus.

--- 908 ---

Blilu Tau

Anggitane: Wiryawiharja, sambêtipun Kajawèn nomêr 57

[Maskumambang]

pêpêtênge ing bêngi arasa tintrim / têntrêming suwara / arasa ngêrês-êrêsi / rusak atine Nyi Wana //

panon pêtêng ngungkuli pêtênging wêngi / elinge wis ilang / mung kari anyipta pati / Nyi Wana mèh suduk slira //

rahayune mantune pinuju nglilir / kagèt garagapan / age kêdhakalan tangi / karo anjêrit sarosa //

gawe kagèt nganggo dibarêngi tangis / gègèr wong sadesa / anggantêr swaraning titir / gugup punggawa nagara //

sêsêluran saka lor kidul andilir / ramene wong tandang / gumêrah agawe giris / kanthi miranti gêgaman //

18. Wanajaya dadi undhagi

Bêbasane blilu tau, wong pintêr durung nglakoni

Kinanthi

pawartane wis misuwur / anane titir dhèk bêngi / ing Songbanyu Nyai Wana / suduk slira mèh bilai / rahayune kêtulungan / mantune sing andêngangi //

saikine salin rêmbug / ngrêmbug Wanajaya gênti / biyèn kaki Wanajaya / anggone anglacak sapi / kêsasar ana ing paran / banjur ana sing mêlasi //

sing mêlasi Wana iku / ora yèn kapetung sugih / ya mung rada kacukupan / marga saka ngati-ati / srêgêp marang pagawean / ora mung maligi tani //

sasêlane garu mluku / disambi dadi undhagi / bara buruh gawe omah / mênyang prêpat môncakaki / yèn pinuju ana ngomah / thak-thik gawe meja kursi //

diêdol manawa payu / yèn ora payu ya uwis / dianggo dhewe ya kêna / wong pancèn butuh piranti / môngsa gèk ilanga muspra / olèhe kangelan thak-thik //

dene jênênge wong mau / mung karan kaki undhagi / dhèk biyèn ora sêkolah / nanging bisa maca nulis / ngrêti petung tur anggitan / marga srêgêp nênitèni //

bêbasane blilu tau / wong pintêr durung nglakoni / ngono iku pancèn nyata / nyatane kaya saiki / akèh bocah sêkolahan / wasise mung ana uni //

unine wis sugih kawruh / wêruh barang rêmit-rêmit / nanging wêruhe mung wara / ewadene sok marahi / wêwarahe mung karangan / arang kang gêlêm nandangi //

wondene sing ngono iku / malah wong sing kurang ngrêti / ora gêlêm ngulur nalar / kurang mantêpe ing ati / dhasare wêgah tumandang / sulaya olèhe mikir //

kocap ki undhagi iku / sanajan wis jênêng sugih / ya ora anggêp-anggêpan / tangkêpe têtanggan bêcik / dhêmên tulung lan dêdana / marang pawong mitra asih //

mula Wanajaya mau / wis dirêngkuh mitra bêcik / lagi kêtêmu sapisan / wis dianggêp kaya adhi / barêng têkane ing omah / nyi undhagi ngacarani //

gurawalan sajak gugup / nanging patrape mantêsi / têmbunge bangêt sumanak / rumakêt ngadhêmi ati / mulane Si Wanajaya / ing sêmu katara ering //

ing sawise tata lungguh / lan takon-tinakon slêsih / tumuli disuguh wedang / pacitane ora kari / sasuwene nyênyamikan / disambi rêrasan lirih //

Ana sambungane.

--- 909 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Tanah Ngriki

Kangjêng Nyonyah Ingkang Wicaksana rawuh ing Tangêrang. Kala dintên Rêbo kêpêngkêr, Kangjêng Nyonyah Ingkang Wicaksana rawuh ing Tangêrang mariksani kawontênan sêlêbêting Pro Juventute. Salajêngipun dhatêng kontroliran mriksani pandamêling topi godhong pandhan.

Indhakipun tiyang ingkang gadhah radio. Miturut cathêtan ingajêng, cacahipun tiyang ingkang gadhah radio ing tanah ngriki wontên 45.000. Dumugining wulan Juni kêpêngkêr sampun wontên 47.277, dene ingkang sampun dipun cathêt ing kantor agêng pakaryan post sampun 47.540. Ing tanggal 1 Januari 1937 wontên 39.028, salêbêtipun 6 wulan sampun wêwah 8.199, dados radin-radin sabên wulan wêwah 1350.

Dr. P. Peverelli dhatêng Tokio. Dr. P. Peverelli, pangagênging Gemeentelijken Gezondheidsdienst ing Bêtawi sampun bidhal dhatêng Jêpan pêrlu badhe anjênêngi congres Roode Kruis tuwin congres pakêmpalan pamulangan-pamulangan partikêlir, sami manggèn ing Tokio. Dr. P. Peverelli minangka utusan Roode Kruis tanah ngriki tuwin nagari Walandi. Wangsulipun dhatêng Bêtawi wontên tanggal 28 Augustus ngajêng punika.

Chineesche Landbouw Vereeniging. Chineesche Landbouw Vereeniging kalampahan sampun damêl parêpatan wontên ing Bandhung. Ingkang mêdhar sabda, Dr. Koolhaas, pangagêng Laboratium voor Scheikundig Onderzoek ing Bogor, ing bab awon saening gaplèk tuwin pathi, mawi dipun wujudi barangipun, kathah ingkang migatosakên. Wêdhar sabda ingkang kaping kalih tuwan van der Ham, saking Algemeene Landbouw Pensioenfonds, nyariyosakên bab tumindaking damêl babagan punika. Ing bab punika tumraping Chineesche Landbouw Vereniging kalêbêt wigatos.

Anjagi bêbayanipun ambêsmi kambêngan. Pakaryan Wana tuwin Pangrèh Praja ing tanah Sabrang sampun suka katrangan dhatêng têtiyang ing dhusun bab bêbayanipun mbêsmi kambêngan, jalaran gampil sagêdipun tumular dhatêng wana. Nanging bab punika tumrapipun wontên Palembang botên patos dipun wigatosakên, kêrêp wontên ingkang nrajang saha adamêl kabêsmining wana. Ing sapunika wontên tatanan enggal, badhe matêsi wontêning tanêman kambêngan, perlu kangge anjêmbarakên wana. Waragadipun dipun sadhiyani f 50.000,- ingkang saperangan mêndhêt saking arta karèt.

Congres T.B.C. Kados ingkang sampun kawartosakên, ing Sêmarang badhe wontên congres para doktêr ing bab babagan T.B.C. Ingkang ngawontênakên congres punika tuberculose-studiecomite ing Bêtawi. Adêging comite ing Sêmarang, dipun adani dening Dr. A. J. Cohen, Dr. H. C. Comperts, De J. Kuilman, Dr. M. H. van Lawick van Pabst tuwin Dr. M. Sardjito, ing tanggal 29 Juli punika.

Kêbêsmèn walirang. Ing rêdi Papandhayan mêntas wontên kêbêsmèn walirang jalaran saking tindaking golongan andon lampah mriku. Rahayu lajêng sagêd katulungan dening para tandang ingkang mangêrtos dhatêng babagan punika. Pakêmpalan Bandung Vooruit tuwin Pakaryan babagan rêdi latu inggih sampun ngawontênakên awisan botên kenging sêmbrana dhatêng latu. Panjagi makatên punika botên ngêmungakên kangge anjagi sampun ngantos ngewahi sipatipun ingriku, ugi nyamarakên manawi dayanipun sagêd damêl tiwasing tiyang tuwin sato kewan.

Têtiyang bucalan ing Digul badhe kaantukakên. Miturut wartos, kala ing wulan Juni kêpêngkêr, wontên pandangonipun pangagêng nagari ing Digul, gêgayutan bab anggèning badhe dipun wangsulakên dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak.

[Grafik]

Departement van Verkeer en Waterstaat. Miturut wartos, ingkang nggêntosi Mr. Dr. J.A.M. Van Buuren Directeur Departement van Verkeer en Waterstaat, Ir. Ch. F. van Haeften, (kacêtha ing gambar), ingkang sapunika majibi padamêlan wau. Nanging sarèhning nuju verlof, kaundurakên ngantos dumugi wulan September ngajêng punika. Salêbêtipun Ir. Van Haeften verlof, dipun wakili Ir. C. Hillen, pangagêng Post-Telegraaf- en Telefoondienst.

Angsal-angsalaning tulatingsexamen Mulo. Kawartosakên, angsal-angsalaning tulatingsexamen tumrap Mulo ingkang sampun dipun tampèni wontên ing Departement Pangajaran, pinanggih mundur tinimbang taun kêpêngkêr. Wontênipun makatên, amargi tumrap murid-murid saking H.I.S. tuwin H.C.S. ingkang kathah nêmpuh examen ing klas 1, mangka lêrêsipun tumrap murid-murid saking ngriku punika pancèn mapanipun manggèn ing voorklas.

Mèngêti adêgipun kitha Cilacap 100 taun. Wontên wartos, benjing wulan Februari 1938 ing Cilacap badhe kawontênakên pèngêtan adêging nagari sampun 100 taun. Pèngêtan wau mawi kawontênakên tentoonstelling barang-barang kawêkêlan. Miturut katrangan, kala taun 1838 wiwit babad wana, ingkang ambabad tiyang 3 asli saking Banyumas sami sadhèrèk, dangu-dangu kathah ingkang tumut mriku. Tiyang tiga wau lajêng dipun dadosakên pangkat Ngabèhi saking kaparêngipun Parentah, salajêngipun ingkang anggêntosi namung pangkat Ronggo. Wusana lajêng dados pangkat Bupati. Bupati sapisan nama Tumênggung Cokrowadono.

--- 910 ---

Putra Nata Ngayogyakarta dhatêng nagari Walandi. B.R.M. Ilal'oel Kirami, putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya, ingkang nêmbe lulus saking A.M.S. afd. B ing Bêtawi, badhe nglajêngakên sinau dhatêng pamulangan luhur ing Leiden, nagari Walandi, babagan pangadilan. Bidhalipun wontên tanggal 8 Sèptèmbêr ngajêng punika nitih kapal Dempo. Dumugining Marseille badhe dipun papag sadhèrèk dalêm ingkang sampun sinau wontên ingriku.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, Mas Bardjo, juru sêrat klas 1 asistèn wêdana Watumalang, kabupatèn Wonosobo, paresidenan Kêdu, dados mantri pulisi paresidenan Kêdu.

Knilm lan N.I.S. Awit saking sarêmbagipun Knilm kalihan N.I.S. ing sapunika tiyang sagêd kesahan saking Sêmarang dhatêng Surabaya kanthi waragad mayar sangêt manawi kesah tuwin wangsulipun numpak sêpur N.I.S. utawi Knilm tuwin kosokwangsulipun. Tiyang ingkang numpak sêpur, sadumugining stasion lajêng angsal karcis ingkang kenging dipun lintokakên karcis Knilm, ing papan anggêgana, makatên ugi kosokwangsulipun. Karcis ingkang kapetang wongsal-wangsul punika rêginipun f 30.50, kenging dipun angge 3 dintên.

Ganjaran ingkang nylulupi kapal Van der Wijck. Gêgayutan kalihan tindak nylulupi kapal van der Wijck, tuwan R. Stuffkens litnan 2 tampi ridder orde van Oranye Nassau. J. Noorland, punggawa kapal, tampi mêndali salaka kaurmatan tuwin J. Adriaansen matroos, tampi mêndali prunggu.

Kapiji sinau dhatêng Politie school. Awit saking kaparêngipun Directeur Pangrèh praja, wiwit benjing tanggal 1 Augustus ngajêng punika, miji mantri-mantri pulisi supados sinau dhatêng Politie School ing Sukabumi, 1 R. Moerdiman, mantri Veldpolitie Paree (Kediri). M. Kasim alias Sosrodisoemo, mantri Veldpolitie Bojonêgoro. R. Soenario alias Padmosoemarto, mantri pulisi Sidoromo. M. Soedarmo, mantri pulisi Malang.

Klika kangge abên ngolah wacucal. Sampun dangu wontên bangsa Amerika nggadhahi kabudidayan klika-klika kajêng mangrove ingkang kenging kangge abên ngolah wacucal. Bab punika katindakakên wontên Borneo, ing wana-wana sacêlaking pasisir sungapaning lèpèn Soi Sêbuku. Jêmbaring kabudidayanipun sampun 12.000. Klika kajêng mangrove wau kakintunakên dhatêng Philippina lajêng kagarap dados abênan. Pabrik ingriku wau sabên wulan ngangge kajêng 2000 ton. Ing sapunika kabudidayan wau nyuwun palilah badhe bikak ing Sèlèbês pasisir Kilèn.

Halte Chef Cermee dipun kroyok. Sampun sawatawis dintên, halte chef ing Cermee N.I.S. Sumêrêp wontên tiyang kirang-langkung 45 sami lumampah ing ril sêpur, katingal nuju sami mêndêm tuwak. Nalika tiyang samantên wau dipun purih nisih ragi sêrêng, amargi sêpuripun sampun mèh dhatêng. Nanging têtiyang wau lajêng ngroyok halte chef ngantos lêmpe-lêmpe, salajêngipun ngantos dipun bêkta dhatêng griya sakit. Têtiyang 45 lajêng dados papriksan pulisi.

R. Arjo Tjitrokoesoemo seda. R. Arjo Tjitrokoesoemo, Kolonèl pènsiun ing Sumênêp seda, yuswa 100 taun. Layonipun kasarèkakên ing masjid Astanaraja. Ingkang nglayat Bupati ing Pamêkasan, Sumênêp, plaatselijk militaire commandant Sumênêp tuwin Pamêkasan, golongan barisan ing Madura, wakil residhèn Madura, ingkang mêdhar sabda Gupêrnur Jawi Wetan. Ingkang suwargi punika angsal bintang Militaire Willems Orde sampun 60 taun.

Annemer pakunjaran kapitunan. Jalaran saking indhaking rêrêgèn wos, para aannemer pakunjaran sami sambat kawratan anggènipun nyanggi.

Bank P.P.B.B. Tuwan Soetardjo tuwin Prawoto Soemodilogo, pangajênging Pêrkumpulan Pêgawai Binnenlansch Bestuur, mêntas sowan dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, gadhah atur anggèning badhe ngêdêgakên Bank P.P.B.B., kanthi nyuwun arta bantuan f 1.000.000,- Nanging panyuwun wau botên kaparêngakên, badhe karêmbag rumiyin. Ing sapunika wontên wartos pakêmpalan wau badhe angsal pitulungan arta f 375.000,- kangge ngêdêgakên bank wau.

Tanêman kênthang saya wigatos. Tanêman kênthang ing taun 1937 punika kathah ingkang botên kêmêdalan, jalaran katrajang ama. Bab punika andadosakên indhaking rêginipun kênthang, saha lajêng nama kêkirangan kênthang. Malah salajêngipun andhatêngakên kênthang saking Jêpan tuwin Autralie.Australie. Ingkang sae kênthang saking Jêpan. Tumrap kênthang saking Australie botên kenging kangge bibit.

Tuwan Khouw Khe Hien wangsul. Tuwan Khouw Khe Hien, bangsa Tionghoa ing Bêtawi ingkang misuwur anggêgana dhatêng Tiongkok, ing salêbêtipun wulan punika badhe wangsul anggêgana saking Shanghai dhatêng Bêtawi. Nyonyahipun sampun bidhal rumiyin numpak kapal.

Ebah-ebahan Sultan Ali Achmad. Ing Kêjawèn mêntas martosakên bab ebah-ebahan Sultan Ali Achmad ing Bêtawi. Salajêngipun pulisi sampun mriksa têtiyang pintên-pintên ing Kêmanggisan, sadaya sami nêdahakên angsal karcis badhe botên ambayar pajêg.

NAGARI WALANDI

Jamboree sampun kabikak. Kala tanggal 11 wulan punika jamboree ing nagari Walandi saking kalêmpakaning padvinder sadonya, kêlampahan kabikak dening Sri Bagenda Maharaja Putri. Cacahing padvinder sadaya wontên 25.000, satunggal-satunggaling golongan mawi bandera kabangsan piyambak-piyambak, manggèn urut margi ingkang anjog panggung Karajan.

EROPA

Jêrman nindakakên cobèn-cobèn kopi. Ing kalangan among dagang migatosakên wêlingan kopi saking Jêrman gangsal atus karung, perolepêrlu. badhe kangge cobèn-cobèn ngèlmu pamisah. Manawi cobèn-cobèn punika mikantuki, ing têmbenipun sagêd ugi Jêrman badhe mêling kopi ngantos 10.000.000 karung. Dados padagangan kopi badhe gadhah pangajêng-ajêng sae.

ASIA

Numpak sêpêdha ngubêngi donya. Wontên bangsa Indu 3 taksih anèm angubêngi jagad numpak sêpedha, ing sapunika lampahipun sampun dumugi Kapstad. Neneman tiga wau nama Kaikee Kharras, Rustan, Chandi tuwin Ruttan Schroff. Bidhalipun sampun kala wulan April 1933. Neneman wau nalika dipun takèni, cariyos: lampahipun punika ngangkah murih bangsanipun angsal panganggêp sae. Miturut cathêtanipun ing buku pinanggih wontên tapakastanipun Mr. Ramsay Mac Donal, Sir Samuel Hoere tuwin Lord Sankey ing London; Mr. De Valera ing Ierland; President Zamora ing Spanyol tuwin sanès-sanèsipun.

AMERIKA

Hawa bêntèr ing Amerika. Ing wêkdal punika hawanipun ing New York bêntèr sangêt, tiyang ingkang tiwas wontên 100. Têtiyang ing kitha atusan ewon sami ngungsi dhatêng papan padhusun. Dene têtiyang ingkang ngungsi dhatêng kapuloan Coney Island kirang langkung sayuta. Miturut wartos ingkang kantun, tiyang ingkang tiwas jalaran kenging hawa bêntèr wontên 300.

Madosi nyonyah Amelia Earhart ingkang wêkasan. Marine Amerika nindakakên pitulungan madosi nyonyah Amelia Earhart ingkang wêkasan. Babadan wau lajêng ambidhalakên motor mabur 62 kangge madosi sakubênging Howland Island tuwin kapuloan Phoenix. Motor mabur wau sadintên sagêd nitipriksa ing papan ingkang têbanipun 60.000 mil pasagi.

--- 911 ---

Wêwaosan

Dongèng Suleman§ Wêdalipun waosan Saribang ing dintên punika dipun sêlani waosan: Suleman, cariyos cêkak nêngsêmakên. Mugi andadosna rênaning panggalih.

Dening P.P.

[Sinom]

mangripta supatra mudha / sêdhêng ri Rêspati Kasih / kaping sanga lèking wulan / Rabingulawal ing warsi / Ehe kang windu Adi / wuku Kuningan panuju / ing môngsa kasawêlas / sangkalanira winarni / ngèsthi rasa pangasthawaning panunggal //Sengkalan: ngèsthi rasa pangasthawaning panunggal (Kêmis Kliwon, 9 Rabingulawal 1868 A.J., Kamis, 19 Mei 1937 A.D.).

nora ninggal wiji asal / wijil saking kaki nini / ing jaman kina-makina / wus tan kêna dèn singgahi / ugêring bôngsa Jawi / mung sawiji ulah sêmu / mêmêsu masuh badan / mrih sambada dènnya budi / trêsna bôngsa brôngta kawruh kabatinan //

tinêmbaya angupaya / lan milih ingkang pakolih / karêm angrungu carita / dongènge pra wrêdha dhingin / kang patut dèn pemuti / pinèt sarahsaning wuwus / kang wose wèh warsita / satata cinathêt ngati / dadi crita cinêtha jroning kintaka //

kata môngka pralampita / têpa palupi kotami / tumrap kang para sêdyarsa / samya myarsa tutur nêmpil / mung nrima ipil-ipil / wau dongèng kang kinidung / kojah jumênêngira / duk jamane kangjêng nabi / kang wus kasub kasbut Sang Prabu Suleman //

ing salumahing bantala / miwah sakurêbing langit / tan ana ratu kang padha / lawan Suleman Jêng Nabi / kongsi kasudra dadi / ratuning kang para ratu / jagad kulon lan wetan / angadhatyan ing nagari / Darusalam (Yêrusalèm) lumrang kaonang winênang //

nora mung ngêmungke janma / manungsa ingkang prasami / sumuyud mangèstupada / sanadyan diyu rasêksi / jim setan sarta pêri / parayangan kutu-kutu / alang ataga padha / kèdhêp madhêp mring jêng nabi / bijaksana sinêbut soca bathara //

palastha ing astha guna / bisa mring basa sawarni / pitik iwèn sato kewan / sakèh titahing Hyang Widi / kabèh dèn udanèni / nadyan godhong kayu watu / kang sipat warna rupa / kang kumêthip kang kumêlip / nora kilap sasolah-bawaning tingkah //

warah pranataning praja / kang pinatah môngka patih / pinitaya ing akarya / murba miwah misesani / marang kang para abdi / kawula sabangsanipun / buron ibêr-ibêran / myang gêgrêmêtan lit-alit / lah iyèku sira manuk platuk bawang //

kondhang undhagi sabarang / ing akarya agal rêmit / micara: awicarita / titih rèhing rajaniti / ingêring pasang karti / sampeka pakewuh mêngku / tan kewran nawung kridha / wikramaning silastuti / ati tulus têtelambêk kumawula //

kawuwusa wus watara / pitung Sênèn pitung Kêmis / kawistara tis-tis sonya / nyênyêt mamring sêpa-sêpi / sang aji datan mijil / tinangkil saking kêsandhung / anandhang roga karna / sayarda kasok ing dhiri / datan arsa dhahar myang tan sagêd nendra //

marma samya sru ardaya / sadaya wong sanagari / orêg gora rèh ruhara / angraos gêrahing gusti / tita tanpa upadi / pirang tômba pirang dhukun / cabar tan labda karya / kaya mangkana sang aji / jroning gêrah ana kang karasèng karna //

klêbon buron gêgrêmêtan / tandya enggal animbali / marang manuk platuk bawang / tan pantara sampun prapti / marêk ngarsa sumiwi / sarwi mawantu wotsantun / jêng nabi aris nabda / makatamangkata. samêngko iki / Raja Namli enggal-enggal timbalana //

barênga salakunira / nora sun lilani pamit / poma dèn tuhu ing lampah / warahên Si Raja Namli / mula ingsun timbali / sun karsakkên karyanipun / manjing jro karnaningwang / nawung wigati maniti / apariksa ing kono apa kang ana //

anêmbah sigra umentar / platuk bawang duking jawi / mamprung amanapak wiyat / makilat thathit sêsiring / mung sapandurat bali / lawan Namli sêmut ratu / karone parêng prapta / ing byantara kangjêng nabi / nêmbah-nêmbah marikêlu kalihira //

aris jêng nabi manabda / lah mara glis Raja Namli / mlêbua mring karnaningwang / wau kang sinungan ing ling / nulyènggal nuhu tuding / mlêbèng talingan sang prabu / praptèng jro pangguh rêna / gupuh-gupuh Raja Namli / mrih umahya rêna saking jroning karna //

kêluwih-luwih jrihira / si rêna mring Raja Namli / lagya wruh sasaring marga / margiyuh tan duwe ati / tan wurung praptèng pati / patrapan wrating piluput / dosa gêng mring narendra / amanggih siksa gêng ugi / têmah pêjah pamancasing ukum kisas //

mung mêngkono osiking tyas / si rêna nulya nut mijil / mring Raja Namli duk prapta / parêng kalihe nèng jawi / sakala jêng sang aji / mulya jati gêrahipun / pulih kadi duk purwa / puwara ngandika aris / Raja Namli bangêt panarimaningwang //

gêrah ingsun uwus sênggang / mulih lir ing wingi uni / sirèki kinarya marga / sih marmanira Hyang Widi / samêngko sun arsa wrin / warahên ingkang satuhu / apa krananing roga / Raja Namli manganjali / sarwi matur titi ing purwa wasana //

sangêt ngunguning wardaya / duk myarsa wau jêng nabi / tandya alon angandika / hèh ta platuk bawang patih / si rêna ing samangkin / yogya tahanên rumuhun / ana ing tanganira / rêksanên ywa kongsi anis / benjang-enjang ajokna mring ngarsaningwang //

sêdhênge ing dina padha / tan nyêra padha pinikir / karêmbug lan kancanira / wanciningsun môncaniti / wus titi dhawuh mami / sira sun lilani mundur / banjur ngasoa samya / samana kang sinungan ling / nêmbah lèngsèr dyan mundur saking ngarsendra //

asamya pisahan lampah / sewangan waluyèng panti / patih platuk bawang lawan / sêmut ratu Raja Namli / ing lampah tan winarni / wau ta ingkang winuwus / ki patih platuk bawang / enjang gya rumagang kardi / arsa sowan kanthi lêlaran si rêna //

[Kinanthi]

rinèhmu ambangun turut / tut wuri lampahing patih / sapraptaning pasewakan / kang samya sowan mênuhi/ [mênuh...]

--- 912 ---

[...i/] kaanane neka warna / nora wor suh wijang kèksi //

kasarjon sajuru-juru / jèjèr andhèr amêpêki / undha-usuking pamangkat / êmpan papane nêtêpi / têpaning panata praja / prabawèng patih linuwih //

wau tan dangu sang prabu / tandya umiyos siniwi / pratistha ing dhampar dênta / pinatik sotya rinukmi / mradipta amarakata / katon kartika rumiris //

raras rêsmine sumawur / murwèng praba narambahi / sirêm soroting baskara / karoban ing sotya rukmi / murub marbukèng sasmita / kotamaning radya niti //

luhuring adil dinulur / palamarta maratani / tinêmbung kasor akasa / miwah hyang rawi kêwuri / dera padhanging pandriya / drahwaya mahya we suci //

cinêtha tuk gung kang masung / ing gêsang sarwa dumadi / dumipa ing pramodita / mribadi tanpa sasami / sêmuning nata kotama / tumêmên tanduking adil //

kaya mangkana ta wau / lêlaran uwus cumawis / ing ngarsaning pasamuwan / pradata dera maniti / apariksa paripurna / pranata têtêping adil //

kang pra lid pirêmbagipun / ing pamutus uwis gilig / gumolong pamanggih tunggal / rêna kabênêr nampani / patrapaning paukuman / tutup salawase urip //

anèng jro pêtêng linimput / tan kênantuk dèn tamani / padhanging lintang rêmbulan / suryandaru kilat thathit / pêpagêring pakunjaran / rinajêg têmbaga wêsi //

duk kala wau sang prabu / myarsa pirêmbaging pra lid / wus gilig dadya satunggal / glis nabda sira jêng nabi / kadiparan platuk bawang / panimbangira kang bêning //

nêmbah platuk bawang matur / kajawi karsanta gusti / bilih pamanggih kawula / tuna traping rajaniti / kêlilipên kaluhuran / rinewangan lir sinêmbir //

ywa nêtêpkên rêna kokum / kainan adêging adil / tan namung dhoyong kewala / malah têtêp rêbah gusti / koncatan kuncarèng asma / soca bathara linuwih //

linuwaran lêrêsipun / pun rêna jêjêging adil / dènira atêmah dosa / datanpa sinêdyèng kapti / têtela têtêp tan mawa / pamaa wruh rèhing sisip //

saputing pêtêng kang masung / sangsaya sasaring margi / wontên sêmoning wasita / sintên sintêna jêng nabi / kang awas miwah kang atas / kêdah têdah wuta tuli //

ywan awas tan arsa masung / padhang prahina pangèksi / tan wande tansah kêtunjang / dening padhange pribadi / sabab murang sutung palang / lire lumuh anyimpangi //

yèn wong wuta numbuk bêntus / si awas mung nupiksani / punika sayêktinira / awas kenging dèn wastani / tiwas tan prabeda wuta / darbe netra tanpa kardi //

Badhe kasambêtan.

Stedelijk Historisch Museum ing Surabaya

Kados para maos kathah ingkang sampun anguningani mênggah wontênipun gêdhong museum enggal ingkang namanipun kados ing gambar punika. Museum wau kangge nyimpên kêklêmpakaning barang-barang ingkang gêgayutan kalihan babadipun kitha Surabaya.

[Grafik]

Ing suwaunipun museum punika manggèn wontên ing gêdhong limrah, nanging dangu-dangu lajêng sagêd ngawontênakên gêdhong piyambak, saha barang-barangipun sampun katata ing panggenan ingkang kasadhiyanan piyambak-piyambak, kados ingkang kacêtha gambar punika: nginggil gambar sênthong panggenan barang-barang asli tiyang siti. Ngandhap sawarnining têtumpakan ing dharatan.

--- 109 ---

Nomêr 28, Taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam.

Kawêdalakên sabên Rêbo.

Angrimat tigan sagêdipun awèt

Rekadaya anandho tigan kathah punika pangrimatipun ingkang prayogi kalêbêtakên ing pêthi isi sarêm. Sarêm kagorèng sangan lajêng kadhêplok ingkang lêmbat, yèn sampun asrêp: kauwur-uwurakên ing dhasaring pêthi kandêlipun kintên-kintên sajêmpol, tigan wau mawi kabuntêl ing dlancang krèsèk utawi dlancang sanèsipun, lajêng kasèlèhakên ngadêg sadaya, sarta ing sêla-sêla tuwin nginggiling tigan wau kasukanana sarêm malih ngantos tiganipun sagêd katutupan, nuntên kasèlèhana utawi dipun tumpangi tigan malih. Sasampunipun cêkap, pêthi wau kabuntêla saprayoginipun ingkang sae, sarta panyèlèhipun kapapanakên ing panggenan ingkang têtêp (botên kongkak-kangkèk), sabên sajumungah sapisan, pêthi wau kawalika alon lan ngatos-atos. Tigan wau kawêdalakên saking pasimpênan ing sawanci-wanci kados tigan ingkang taksih enggalan.

Ulam utawi ulam loh ingkang mambêt, murih sagêd eca malih.

Ihtiyaripun angicali ulam utawi ulam loh ingkang mambêt wau, kagodhoga ngantos umob, lajêng kasukanana kobis godhogan ingkang sampun mantun ngukus, mila kasarèhakên watawis 3 mênit, kobis wau sagêd anêsêp ambêt utawi gônda awon, têmahan ulam utawi ulam toya wau sagêd eca malih.

Kenging ugi ing wadhahipun ulam wau kasukanana sarêm sagêgêm kaêjur ing toya, lajêng kakumbah ingkang rêsik, utawi nalika ulam kagodhog, kasukanan kobis godhogan utawi kulit roti sawatawis.

Angêmpukakên daging

Daging lêmbu sêpuh punika limrahipun mêsthi alot sangêt, sanadyan sampun kagodhog, ugi taksih alot akethot-kethot, supados sagêd êmpuk, wontên rekadayanipun malih sanès kalihan ingkang sampun kasêbut ngajêng, inggih punika sasampuning daging wau kakumbah, kablêbêda utawi kabuntêl mawi srêbèt, ing wanci dalu katumpangna [ka...]

--- 110 ---

[...tumpangna] ing kêrên ingkang dipun latoni sêtêngah pêjah (latu mrêngangah), enjingipun sampun êmpuk, lajêng kenging kaolah sasênêngipun.

Anawarakên raosipun olah-olahan ingkang kasinên

Sêpon kakumbah ing wedang bêntèr (jarang) lajêng kapêrês, kacublês ing cukit, tumuntên kacêlupakên ing olah-olahan ingkang sawêg umob.

Ngrimat pêthaking tigan

Tiyang olah-olah punika trêkadhang asring gadhah tirahan pêthaking tigan, manawi pinuju wontên tirahan wau prayogi karimata, amargi pêthaking tigan punika kathah pigunanipun, kenging kaangge damêl ancur ingkang sae, tuwin kaangge angrêsikakên sêtrup sapanunggilanipun. Dene pangrimatipun makatên: piring cèpèr kasikata ingkang tipis sangêt mawi lisah klêntik sae, pêthaking tigan ingkang enggal kaêcurakên ing ngriku ingkang tipis lapisanipun, lajêng kaêpe, manawi sampun garing saèstu, kaêcuran pêthaking tigan malih, lajêng kaêpe, makatên ing salajêngipun. Manawi sampun rampung tuwin sampun garing sadaya, pêthaking tigan wau kasusuka mawi lading utawi wêlat, lajêng kairis-irisa alit-alit, punika sanadyan karimat lami, taksih lastantun sae. Bilih badhe kaangge, kêdah kaêjur mawi toya tawa rumiyin.

Angecakakên cokak ingkang awon.

Tigan ayam ingkang enggal saha taksih kulitan kacêmplungakên ing cokak ingkang awon wau, yèn cokakipun kathah, tiganipun inggih kêdah kathah. Cokak wau tamtu lajêng sae malih, sarta wêwah kêcut.

Nyai Anim.

Bab nyêrat (ambathik)

Sambêtipun jagading wanita kajawèn nomêr 56

Pola-pola wau tansah wêwah, tansah mindhak, saya dangu saya sumêbar ing pundi-pundi. Panggenan panyêratan saya dangu mindhak cacahipun. Punika sadaya mratandhani bilih kagunan nyêrat punika satunggiling kasagêdaning tiyang Jawi ingkang gêsang, ingkang taksih wiyar têbanipun.

Kados ingkang kula aturakên ing nginggil, nyêrat punika sok kangge sambèn kemawon, utawi kangge panggaotan ingkang minôngka sarana ngupados têdha.

Lan sampun dados wajibipun, parentah angrêksa kabêtahanipun têtiyang bêrah nyêrat. Nanging ing ngriki botên badhe kula andharakên, ingkang badhe kula turakên ngêmungakên bab nyêrat ingkang minôngka sambèning para priyantun putri.

Tiyang ingkang badhe nyêrat punika kêdah pados papan ingkang ombèr, têgêsipun sampun ngantos kêregonan tiyang sanès ingkang wira-wiri (wongsal-wangsul) langkung. Patraping tiyang nyêrat punika kêdah sarèh, têntrêm, lan ayêm, makatên ugi [u...]

--- 111 ---

[...gi] pikir (manah) kêdah tumata, supados sêratanipun sagêd ajêg. Corèkanipun sampun ngantos palengkang-palengkong pating bêsasik. Kalihan malih tiyang nyêrat punika kêdah tlatos, ngatos-atos, sampun ngantos wontên lêpatipun. Awit manawi panyorèkipun lêpat, angèl anggènipun anglêrêsakên, trêkadhang sok kalajêng botên kenging dipun ewahi, andadosakên cacading sêratan.

[Grafik]

Rara Siti Mariy.Mariyam.

Mênggah pamêndhêting pola-pola, punika kêdah salaras kalihan tiyangipun ingkang badhe dipun anggèn-anggèni sinjang sêratan wau. Anggènipun anggambar (nyêrat) pola ing sinjang punika kadadosanipun inggih beda-beda, wontên pola ingkang dados sae, mindhak luwês, wontên ingkang dados awon, kau, kasar. Dados tiyang ingkang nyêrat punika inggih kêdah anggadhahi panimbang sae utawi awon, kêdah mangrêtos bab luwêsing pola. Makatên wau murugakên bêbudèning tiyang mindhak alus, ing panyawang lan panggraita mindhak pratitis.

Mila manawi tiyang sagêd nyêrat punika prayogi sangêt, botên wontên awonipun. Punapa malih kangge mangun, kangge anggladhi lare èstri, kasagêdan nyêrat punika prayogi, sampun ngantos kabucal, malah sasagêd-sagêd dipun ajêngakên. Larasing nyêrat sampun ngantos ical, awit punika satunggiling aji-aji bôngsa Jawi, ingkang endah lan pèni.

Minôngka panutup, kula gadhah atur, wawasan bab nyêrat punika kenging kawiyarakên, kajèmbrèng kajèrèng. Mugi para nupiksa karsa anglajêngakên ngrêmbag ing bab punika.

Nyambêti andharanipun sadhèrèk Nyai Anim, ing bab ngêmpukakên ulam daging ingkang alot, kajawi dipun tètèsi tlutuhing katès, ugi kula sok mirêng, yèn ulam daging punika inggih sagêd êmpuk bilih kabungkus ing godhonging katès. Sajatosipun inggih sami, awit godhong katès punika inggih wontên talutuhipun. Mila miturut panitikaning para sagêd, tlutuh katès punika sagêd damêl êmpuking daging.

Wusana kula matur nuwun dhatêng sadhèrèk Nyai Anim, anggèning karsa paring panjurung warni-warni ingkang tansah mikantuki. Mugi-mugi karsaa anglajêngakên paring panjurung, murih adamêl suka rênaning panggalihipun para maos.

Siti Mariyam

--- 112 ---

Rêsèp dhaharan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 56

4. Kupat Sompil

[Grafik]

R.Ngt. Pujirah

Uwos 1 katos, dipun sosoh ingkang ngantos pêthak lajêng dipun pususi, yèn sampun kaêkum sakêdhap, lajêng mêndhêta godhong dêling ingkang sae-sae nuntên kakumbah ingkang rêsik, godhong dêling wau kangge nyonthongi, manawi badhe nyonthongi rumiyinipun dipun têkuk-têkuk kadosdene conthong, lajêng dipun isèni kum-kuman wos wau, nuntên kagodhog mawi toya ing kuwali, bilih toya kantun sapalih nuntên kawêwahana malih, têrus dipun latoni, yèn toyanipun asat sapalih malih sompil dèrèng matêng (tanak) inggih kenging kadekekan toya malih lajêng dipun matêngakên, bilih sampun matêng (tanak) lajêng dipun êntasi kaasrêpakên. Pandhaharipun kalihan lawuh ing ngandhap punika.

5. Mangut

Uwos pêthak ingkang dipun kum sadalu 2 sendhok dhahar, rajangan brambang 2 sendhok dhahar, bawang 3 siyung, kêmiri 5 iji, kêncur 1 iris, laos 2 iris, kêtumbar 1 sendhok alit, traos 1 sendhok alit, sarêm sacêkapipun, lajêng dipun wor dados satunggal dipun dhêplok ingkang lêmbat, nuntên kaolah kalihan toya tawa 1 gêlas, pangudhakipun sampun ngantos kèndêl, manawi sampun matêng tumuntên dipun dèkèki santên 1 wijikan, kalihan kawêwahan godhong jêram purut 1 lêmbar, godhong kêmangi 20 lêmbar, urang mêntah 2 sendhok dhahar, lajêng dipun latoni ingkang ngantos kênthêl duduhipun, yèn sampun matêng kadhahar mawi sompil.

6. Sambêl urang

Èbi 4 sendhok agêng, dipun dhêplok ingkang lêmbat. Kacang bêras dipun gorèng sangan rumiyin, manawi sampun lajêng dipun rêsiki kalihan kaoncekan, lajêng dipun ulêg ingkang lêmbat. Bumbunipun bawang 5 siyung, kêncur 2 iris, traos bakaran 1 sendhok alit, godhong jêram purut 2 lêmbar, sarêm sacêkapipun, lombok abrit 3 iji, lajêng dipun ulêg, yèn sampun bumbu wau kapalih, sapalih kacarub kalihan dhêplokan èbi wau, ingkang sapalih dipun worakên ulêgan kacang bêras kawêwahan santên kanil sakêdhik, yèn sampun rampung kawadhahan ing piring. Kagêm lawuh sompil.

Pujirah

--- [929] ---

Ôngka 59, Stu, Kli, 16 Jumadilawal Ehe 1868, 24 Juli 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: pangungsêt - Dr. L. De Vries - bajongan - pakaryan ing dhukuh Batur, - bab sêsakit edaning sêgawon - kawontênan ing Tiongkok - wawasan badhe bidhal dhatêng Payoyongan - kabar warni-warni - dongèng Suleman - Taman bocah.

Pangungsêt

Bètèng ingkang kandêl

Miturut ngandikanipun para sêpuh, tiyang ngudi dhatêng babagan kasunyatan ingkang yêktos, punika mawi ngambah margi ingkang gawat, tuwin malih dununging kasunyatan ingkang sayêktos, inggih punika ingkang gêgayutan kalihan Pangeranan, gawatipun kalangkung-langkung, dipun têmbungakên bilih ing ngriku mawi bètèng ingkang sakalangkung kandêl.

Mirid wontênipun ungêl-ungêlan ingkang kados makatên punika, mênggahing ancêr-ancêripun sampun katingal cêtha, wosipun namung manah bab gawating margi tuwin kandêling bètèng. Dados ingkang purun ngambah margi ingkang gawat, tuwin anêmpuh bètèng ingkang kandêl wau, nama sampun rampung. Dados kawigatosanipun namung wontên ing tindak.

Tumraping para ngudi kawruh babagan punika tamtunipun sampun botên kêkilapan, awit ingkang dipun wastani gawat mênggahing margi wau kenging dipun gêrba pinanggih wontên ing tindak sae, ingkang minggahipun dhatêng alusing bêbudèn.

Manawi angèngêti kêkajênganing margi, punika atêgês ingkang dipun langkungi inggih dipun ambah, dados tansah tumindak, awit manawi botên tumindak, inggih lajêng nama kèndêl (mandhêg).

Ing ngriki lajêng wiwit katingal, bilih tiyang ngudi dhatêng babagan punika kêdah lumintu tindakipun, botên kenging dipun sêmadosi benjing kemawon manawi sampun botên gadhah têtanggêlan awrat. Dados têrangipun, sêmados punika inggih kèndêl ambêgogok. Môngka sawêg ingkang ajêg tumindakipun kemawon, nama namung tumindak, dèrèng tamtu lêrêsipun. Awit sandhungan ingkang adhakan nyimpangakên dhatêng lêrês punika cakêtan sangêt, upaminipun, sawêg dipun wada ngèlminipun kemawon sampun malengos, dening rumaos lêrês piyambak. Inggih pun piyambak wau ingkang nyêtrikêlakên.

Môngka manawi ngèngêti kandêling bètèng wau, nama sawêg kêthêmêk-kêthêmêk, dèrèng dumugi ing bètèngipun. Nanging prayogi dipun arêm-arêmi piyambak, sarèhning sandhungan wau cakêt sangêt, bètèngipun tamtunipun inggih cakêt. Dados têbih cêlak tuwin kandêl tipising bètèng, namung gumantung.

Wusana namung nyumanggakakên.

Cêkruktruna.

--- 914 ---

Dr. L. De Vries

Ing Kajawèn sampun martosakên ing bab anggèning Dr. K.A.H. Hidding, up amtênar Bale Pustaka tindak pêrlop dhatêng nagari Walandi. Ing salêbêtipun Dr. K.A.H. Hidding pêrlop wau, ingkang makili up amtênar Bale Pustaka Dr. L. de Vries, Adjunct-Adviseur kantor Inlandsche Zaken.

Mênggah pèngêtan sugêngipun Dr. L. de Vries kados ing ngandhap punika:

Tuwan Dr. L. de Vries punika kawiyosakên ing Meppel, nagari Walandi, kala taun 1897. Sasampunipun tamat saking H.B.S. 5 taun, nglajêngakên sinau kawruh ing Bestuursschool ing Batawi. Salajêngipun ngasta damêl wontên ing B.B. manggèn ing Acèh. Sasampunipun angsal 3½ taun, nyuwun lèrèh saking padamêlan, lajêng nêmpuh pandadaran Staatsexamen babagan basa Latin tuwin Grig.

[Grafik]

Wiwit taun 1922 dumugi 1926 nyinau kawruh Indologie ing Leiden, kanthi panuntunipun Prof. C. Snouck Hurgronje angsal sêsêbutan Dr. kanthi karangan babagan kaislaman.

Ing wêkasaning taun 1927 dumugi têngah-têngahaning taun 1936 ngasta pakaryan wontên ing kantor Inlandsche Zaken dados Adjunct Adviseur.

Ing salajêngipun pêrlop dhatêng Eropah, sawangsulipun dhatêng tanah ngriki, katêtêpakên wontên ing Bale Pustaka, anggêntosi Dr. K.A.H. Hidding salêbêtipun pêrlop.

Bajongan

Ingkang dipun wastani bajongan, punika patraping tiyang walês-winalês nyiratakên toya kalihan suku, pikantukipun sami têlês sadaya.

Têmbung bajongan wau inggih kenging dipun sambut kangge ambasakakên gêgosokan kawruh, dipun wastani bajongan kawruh, pikantukipun sami manggih bêbathèn.

Ing sapunika wontên tindak bêbajongan ingkang sairib kados makatên, nanging lèrèg dhatêng lêngganan sêrat kabar. Inggih punika tumrap bajonganipun, Kalawarti Kajawèn kalihan Ariwarti Perasaan Kita.

Têrangipun makatên:

Rêgining lêngganan: Kajawèn 3 wulan f 1.50 rêgining lêngganan: Perasaan Kita 3 wulan f 3.- gunggung f 4.50.

--- 915 ---

Nanging tumrap lêngganan: Kajawèn, manawi ngrangkêp lêngganan Perasaan Kita ing dalêm tigang wulan wau namung f 4.20.

Dados pikantuking bajonganipun: Kajawèn kalihan Perasaan Kita wau atêgês sakecanipun pinanggih wontên ingkang lêngganan.

Mênggah pikantukipun.

Lêngganan Kajawèn punika kenging dipun upamèkakên tiyang nyandhing bothekan kawruh. Isi jampi warni-warni ingkang pigunanipun: anjêmbarakên wawasan, ngindhakakên kawruh, sagêd kalipur panggalihipun, punapadene adamêl gujêng.

Tumrap lêngganan Persaan Kita, punika kenging dipun upamèkakên tiyang tansah nyandhing dhêdhaharan miraos ingkang tansah santun-sumantun sarwa angêt.

[Iklan]

Murih botên tansah dados panggalihan, prayogi tumuntêna lêngganan.

Pakaryan ing Dhukuh Batur

Ing dhukuh Batur punika dunungipun wontên ing wêwêngkon ondêr dhistrik Cèpèr, kalêrês salèr wetanipun sêtatsiun Cèpèr, têbihipun saking sêtatsiun Cèpèr watawis 1½ pal. Pakaryanipun tiyang dhukuh Batur punika wiwit jaman kina saperangan agêng sami damêl kêjèn, sumêbaripun kêjèn ing dhukuh Batur punika maradini salêbêtipun tanah Jawi Têngah saha Wetan, kajawi kêjèn damêlan ing dhukuh Batur, sasumêrêp kula namung kêjèn damêlan ing Dhanguk, kitha Magêtan. Mênggah pandamêlipun kêjèn cara tiyang ing Batur punika taksih prasaja sangêt, têrangipun kados ing ngandhap punika.

Ingkang rumiyin damêl pêpêthan kêjèn, miturut ingkang dipun pikajêngakên, ingkang dipun damêl bonggol pisang, pêpêthan kêjèn wau lajêng dipun buntêl (dipun popok) waradin ngangge siti pasir alus, ingkang dipun laroni sarining siti lêmung, lajêng dipun pe ngantos garing. Manawi sampun garing, nuntên dipun bêsmi ngantos abrit, lajêng dipun tugêl malang dados kalih, prêlu dipun rêsiki awunipun, inggih punika awu saking bonggol pisang pêpêthan kêjèn kasêbut nginggil. Manawi awunipun sampun rêsik, lajêng kagathukakên malih ngantos rapêt, lajêng dipun dalit mawi siti panunggilanipun ingkang kadamêl sakawit, [sa...]

--- 916 ---

[...kawit,] nuntên kabêsmi malih sarêngan kalihan manawi nglêbur waja. Cithakan wau dipun wastani tapêl.

Waja ingkang badhe kadamêl kêjèn punika ugi kêdah waja kêjèn, kengingipun dipun cithak kêdah dipun lêbur ngantos ajèr kados toya, dene panglêburipun makatên:

[Grafik]

Tanah parêdèn ing Têmbayat.

Sakawit damêl wadhah badhenipun siti, kawastanan kowi, ingkang kadamêl siti abrit, nanging botên sabên siti abrit kenging kangge kowi, inggih punika kêdah milih siti abrit saking salah satunggiling pasitèn ing bawah ondêr dhistrik Têmbayat. Saking gotèkipun tiyang ing dhukuh Batur pasitèn ingkang kapilih wau sampun kadhawahan pulung, dene pasitèn ingkang botên kadhawahan pulung, sanadyan dunungipun cakêt sangêt, nanging manawi dipun damêl kowi, samôngsa kangge nglêbur waja tamtu borot, pamêndhêtipun siti wau sarana tumbas dhatêng ingkang gadhah pasitèn, sabên sakapal 5 sèn. Siti abrit wau lajêng kacampuran awu rambut pantun, lajêng dipun dadosakên luluhan, kadosdene luluhan calon kadamêl gêndhèng. Wangunipun kowi punika kadosdene tong satugêl, nanging alit, perangan nginggil bolong, panjangipun garis têngah 0.22 m., perangan ngandhap buntêt, panjangipun garis têngah 0.12 m. adêgipun 0.24 m, ing perangan nginggil mawi slèwèran minôngka cucuk, kangge margi ilining waja ingkang sampun ajèr samôngsa dipun iling dhatêng tapêl. Sarampungipun pandamêling kowi, saha sampun garing lajêng kabêsmi ngantos abrit, waja ingkang sampun dipun gêpuk alit-alit, lajêng dipun wadhahi kowi, kowi lajêng katata wontên salêbêting tobong panglêburan, kaprênah sisih wingking, dipun banciki banon katata miring dipun dhasari krikil, ingkang sisih ngajêng dipun tatani tapêl ingkang badhe kangge nyithak, lajêng dipun urug arêng kajêng kêmlandhingan (lamtara,

--- 917 ---

mêtir) utawi arêngipun kajêng ingkang êmpuk, ingkang awunipun gampil kaburipun, lajêng dipun bêsmi saha dipun lamusi, saking lawanganing obongan ngajêng. Tumindak makatên wau cêkap dipun tindakakên tiyang kalih, antawis 6 jam, waja sampun dados ajèr kados toya, lajêng dipun dhudhah. Limrahipun andhudhah punika kêdah dipun tindakakên mawi sambatan tiyang kathah, awit manawi botên dipun tindakakên tiyang kathah, kadangon, waja dados kênthêl malih, kowi ingkang isi jèr-jèran waja lajêng dipun sapit ing tiyang kalih, dipun corakên ing tapêl saking perangan nginggil ingkang sampun dipun pirantonsipirantosi. bolongan minôngka margi, ngantonngantos. kêbak. Manawi sampun asrêp, tapêl lajêng karisak (dados namung kangge sapisan). Wondene kowi kanggenipun ugi namung sapisan, awit manawi kangge nglêbur malih lajêng luluh.

Tobong panglêburan punika ingkang agêng cêkap kangge nglêbur waja wawrat 4 dhacin, ingkang alit piyambak cêkap kangge nglêbur waja wawrat 2 dhacin, ingkang dipun damêl banon, kapasang mawi luluhan siti (manawi kapasang mawi sêmèn utawi wêdhi gamping malah botên kuwawi), wangunipun pasagi, perangan ngandhap agêng ing nginggil mingkup, ukuranipun ing perangan ngandhap kintên-kintên panjangipun 3 m. wiyaripun 2½ m. Inggilipun 1½ m. mawi baturan (pondhêmèn) inggilipun saking siti kintên-kintên 1 m. lawanganipun kalih, perangan ngajêng tuwin perangan wingking. Dhasaripun ing nglêbêt kadamêl mayat, perangan wingking langkung inggil tinimbang ngajêng.

Badhe kasambêtan.

Mar, Ngawôngga. K. No. 4052.

[Iklan]

--- 918 ---

Bab Kasarasan

Sêsakit edaning sêgawon, Hondsdolheid.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 58.

Dr. Radisse kalihan Dr. Martel lajêng sami tindak dhatêng griyanipun tiyang ingkang dipun tudingi dening lare angèn wau, inggih punika tiyang ingkang sagêd mitulungi murih mendanipun sami kasarasan. Ing têngah-têngahing margi, Dr. Radisse tuwin Dr. Martel kêpanggih tiyang ngadêg dipun rubung menda kathah, tanganipun tiyang wau nyêpêng lading kangge nyudhèt utawi nyublês kulitipun menda-menda wau.

Dr. Radisse andangu dhatêng tiyang wau: sampeyan ngêmpalakên menda punika prêlunipun punapa.

Tiyang wau sadèrèngipun mangsuli pandangunipun Dr. Radisse tuwin Dr. Martel, lajêng ngaturi sugêng rawuhipun ing dhusun ngriku sarta ambalakakakên namanipun makatên: nama kula Roux Emil Roux.

Dr. Radisse andangu malih: menda-menda punika sampeyan punapakakên.

Wangsulanipun Roux: kula suntik supados sagêda nanggulangi sêsakit miltvuur ingkang damêl pêjahipun menda.

Satawis 20 mètêr saking grombolan punika wontên nonah manis lan endah warninipun ngadêg, Dr. Martel sêmunipun langkung prêlu ningali nonah punika tinimbang sanèsipun, ingkang sami wontên ing ngriku, mila lajêng nyakêti nonah wau wicantênipun: kula nuwun nonah, nêpangakên, nama kula Jean Martel, kula kalihan Dr. Radisse dhirèktur têtanèn dhatêng mriki prêlu mriksani kawontênanipun rajakaya ing ngriki, punapa sababipun dene kewan-kewan wau sami kalis ing miltvuur.

Nonah ngaturakên kasugêngan saha ambalakakakên namanipun Annette Pasteur, saha matur: bapak têmtu langkung bingah têpangan kalihan panjênêngan.

Dr. Martel pitakèn: punapa ingkang rama punika Louis Pasteur ingkang misuwur asmanipun.

Annette manthuk, saha wicantên: lêrês, inggih punika bapak kula. Wêkdal samantên kalêrêsan Tuwan Pasteur mêdal saking dalêmipun murugi Annette. Nalika Dr. Radisse mirsani Tuwan Pasteur sakalangkung kagèt, pangandikanipun anjêngèk: o, dados panjênêngan ingkang jumênêng kyai dhukun menda. Wah prayogi sangêt dene karsa dados pangayomanipun menda.

Dr. Radisse ngandika dhatêng kanthinipun: kowe eling Martel, iki Tuwan Pasteur kang dadi lantaran patine Dr. Frederic kae.

Pasteur matur dhatêng Dr. Radisse: botên: ta, punika panjênêngan kalintu tampi.

Dr. Radisse ngandika malih dhatêng Dr. Martel: satêmêne wong iki minggat saka Parijs saiki gawe apus-apus, marang wong-wong desa kang isih padha bodho.

Tuwan Pasteur wicantên: têtiyang dhusun ing ngriki sampun sami mangrêtos, bilih jampi suntikan punika mitulungi sangêt tumrap sêsakitipun menda-menda punika.

--- 919 ---

Dr. Radisse: pancèn kula badhe sumêrêp bab punika.

Dr. Roux pambantunipun Pasteur tumut cawe-cawe wicantên: sampun wolung taun punika kula kêkalih damêl cobèn-cobèn suntikan wau, nyatanipun menda-menda ingkang sampun dipun suntik vaccin punika, lajêng sami kalis dening sêsakit miltvuur.

Dr. Radisse: dumugining 80 taun malih kula dèrèng sagêd pitados dhatêng jampi sampeyan punika.

[Iklan]

Tuwan Pasteur sambêt: punapa panjênêngan punika botên ngalêm, têka malah maibên dhatêng padamêlan kula punika.

Pangandikanipun Dr. Radisse: ah, padamêlan punika namung dados gêgujênganipun tiyang kathah, botên badhe maedahi punapa-punapa. Ayo Martel milua bali mulih.

Dr. Martel ningali dhatêng Annette lajêng matur dhatêng Dr. Radisse: kula badhe kantun ing ngriki kemawon, kula pitados dhatêng padamêlanipun Tuwan Pasteur ingkang badhe mêdal wohipun langkung sae.

Tuwan Pasteur èngêt nalika wontên ing kraton ing ngarsanipun Prabu Napoleon dipun sapèlèkakên lan dipun poyoki dening dhoktêr kraton. Sapunika namung Dr. Martel piyambak ingkang purun angaosi dhatêng padamêlanipun.

Tuwan Pasteur ngandika dhatêng putranipun Annette: matura ibumu, apa bisa nampani dhayoh iki.

Annette matur: ibu têmtu karsa tampi tamu punika kalihan bingah.

Nalika parêpataning para dhoktêr, ingkang dados pangarsa Dr. Radisse, presidhèn dèrèng sagêd nêtêpakên utawi dèrèng pitados, yèn vaccin Pasteur sagêd mitulungi sêsakitipun menda-menda wau. Saking pamanggihipun Dr. Radisse hawanipun siti ing Arbois ingkang sagêd andayani kalising kewan wau dening miltvuur, dene suntikan Pasteur punika botên migunani punapa-punapa. Namung Dr. Jean Martel piyambak ingkang pitados saèstu bab kakiyatanipun vaccin Pasteur tumrap sêsakit miltvuur.

Badhe kasambêtan.

Sumadirja, Ind. Arts. Kudus.

--- 920 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Kawontênanipun Tiongkok kalihan Jêpan, nama sampun rukêt awujud paprangan, nanging ugi pinanggih rame wontên ing rêmbag, inggih punika rêmbaging para kawogan ing damêl.

[Grafik]

Candhi panggenan pasujarahan ing laladan Sanghai.

Kados ingkang sampun kawartosakên, wadya Tiongkok sampun campuh kalihan wadya Jêpan. Wiwit punika, Jêpan saya kathah anggènipun andhatêngakên bêbantu, wontên bêbantu 100.000 ingkang tumuju dhatêng Tiongkok êlèr tuwin Koreah. Wadya andhungan Jêpan sami dipun kalêmpakakên, kapatah anggêntosi wadya ingkang kabidhalakên dhatêng Tiongkok êlèr. Pangagênging militèr sampun nyewa kapal dagang 31 kangge ambêkta wadyabala, dêdamêl-dêdamêl ingkang prêlu punapadene têdha sampun dipun bêkta dhatêng laladan paprangan.

Pinanggihipun ing Tiongkok êlèr taksih sarwa nyamari, nanging tumraping para kawogan tansah ngudi karukunan. Namung sarèhning para prajurit Tiongkok katingal sami kabranang ing manah, pangajêng-ajêngipun namung tumuntêna dados paprangan yêktos, saya malih manawi ngèngêti dhatênging wadya Tiongkok bêbantu saking Nanking, kados-kados sarujuking rêmbag wau lôngka kalampahanipun. Mila tumrapipun Jêpan inggih nyamarakên, saupami rêmbag badhe rukun punika kêdangon, tamtu badhe damêl saya mapaning wadya Tiongkok ing sisih lèr.

Manawi ngèngêti sêsungut ingkang kados makatên punika, pinanggihipun wontên ingkang pasulayan, namung katingal têbih sagêdipun rukun, saya tumraping golongan Tiongkok ingkang pinanggih ing Kanton, Cingtao tuwin Anko, raos anggèning botên mathuk dhatêng Jêpan, namung nuwuhakên dêrêng badhe pêrang. Môngka nagari tiga punika sami nagari babagan ingkang langkung wigatos. Malah ing Anko wontên golonganing wadya Tiongkok cacah 3000 ingkang ngêpang papan panggenanipun bôngsa Jêpan. Tindak ingkang kados makatên punika namung adamêl kasamaran.

Miturut wartos Jêpan gadhah panêdha dhatêng Tiongkok, 1. Supados ing saêlèr Opèi tuwin saindênging Kahar, kadadosakên satunggil kalihan [ka...]

--- 921 ---

[...lihan] Opèi wetan, tuwin dipun têtêpna dados nagari ingkang mardika, kithanipun manggèn ing Tinsin. 2. Tangku ingkang papanipun cakêt kalihan Tinsin, badhe kadadosakên babagan wadya lautan Jêpan. 3. Ing Pèi Ping supados botên dipun wontêni prajurit. 4. Jêpan badhe ngawontênakên tangsi-tangsi ing Pèi Ping kangge ngayomi rakyat Jêpan. 5. Tiongkok supados anglintoni kapitunan tumrap sawarnining lampah ingkang tumindak ing sapunika.

Panêdha ingkang kados makatên punika tamtunipun araos botên sakeca sangêt tumrapipun Tiongkok. Tuwin malih raosing panêdha wau sami kemawon kados ingkang katindakakên kala ing taun 1935. Ingkang rumiyin mila botên dipun sayogyani dening Tiongkok. Mila pinanggihipun tumrap Tiongkok, wohipun namung ngungkat-ungkat dhatêng kanêpson. Malah pangagêng nagari ing Pèi Ping tuwin gupêrnur ing Opèi kintun telêgram dhatêng Nanking, inggih punika têlênging kaprajan, bilih nagari kêkalih wau botên badhe nampèni rêmbagipun Jêpan ingkang raosipun ngasorakên drajating praja. Saya malih manawi ngèngêti trajangipun Jêpan anggèning nêrak pêpacak bab nyarèhakên paprangan, punika botên prêlu kawontênakên mupakatan malih.

Sawarnining raos ingkang tuwuh wontên ing golongan Tiongkok, pinanggihipun kados sami kemawon. Ing sapunika wadya Nanking sampun lumêbêt dhatêng laladan Opèi, saha sampun sami mapan ing saprayoginipun.

[Iklan]

Dene pinanggihipun ingkang sami pasulayan pinanggih botên sapintêna, nanging wontên tindakipun Jêpan ingkang damêl wêwinih botên sae, inggih punika wontên motor mabur militèr, nyanjatani sêpur-sêpur tumpakan ingkang saking Pèi Ping dhatêng Anko wontên ing dhistrik Opèi tuwin Onan. Ing bab punika Tiongkok lajêng nindakakên panyêrêg.

Panyêrêg ingkang kados makatên punika saèstunipun pinanggih sakalangkung wigatos, nanging wantunipun nuju wontên ing môngsa sêrêng inggih botên punapa-punapa. Malah Jêpan gadhah panêdha ingkang raos panantang, supados Nanking sampun angêmori rêmbagipun pangagêng laladan, tuwin nyêgaha dhatênging bêbantu. Nanging bab punika parentah Nanking têtêp anggèning andhatêngakên bêbantu, tumrap Opèi kemawon angsal bêbantu wadya 200.000.

Mirid kawontênan punika, tamtu badhe angèl sirêping pasulayan punika.

--- [922] ---

Rêmbagipun: Petruk lan Garèng

Wawasan badhe bidhal dhatêng paboyongan

VI

Petruk : Nyambungi gunêmku ing ngarêp, bab anggone jaka-jaka ora kêna milu, iku mêngku karêp, Kang Garèng.

Garèng : O, mêsthine dikuwatirake yèn tiba masane, jaka mau wis wiwit: gêndhulak-gêndhulik apa sida apa ora. Iya, iya, wis ngrêti aku, Truk. Saiki pitakonku liyane, Truk, genea wong sing kêna pangkat kuwi mau nganggo diwatêsi batihe, ora kêna luwih saka wong lima, lanang wadon lan anake têlu. Ing môngka, Truk, wong sing kangelan uripe ana ing desane kuwi iya wong sing batihe akèh, mulane iya wong mêngkono kuwi, sing butuh bangêt ngalih nyang panggonan liya, dadi butuh diparingi lêmah lan sawah mau, jêbul ora kêparêng, hla, kujurane.

Petruk : Aku rada kaliru, Kang Garèng, watêse batih kang kêna pangkat kuwi ora lima, nanging mung papat, yaiku: lanang wadon, lan anake sing cilik-cilik loro. Dene anggone ora dikaparêngake anggawa anak cilik pirang-pirang, kuwi mung wujud pangeman. Ing tanah sabrang kuwi lêmah bukakan anyar, lumrahe mêsthi akèh panyakite, kanggone bocah cilik sok ora kuwat. Ing môngka wong tuwane kudu nyambut gawe mêmpêng bangêt, supaya bisane tumuli olèh pangan. Saikine nèk anake cilik pirang-pirang, apa iya kobêr arêp nyambut gawe sing cancut têmênan. Têmtune rak banjur mung kêtungkul ngulat-ulatake, ngêmong anak-anake, malah bokmanawa mung pijêr... notar-natur notar-natur bae.

Garèng : Wayah, sing kira-kira anjênêsi kuwi ambok ora susah diwêtokake. Wong kapêksa aku banjur kudu mithêt irungku. Ora, Truk, mara saiki caritakna prajanjiane ana ing kana, yaiku ana ing kolonisasi anyar ing Lubuklingga.

Petruk : Hla, saiki tak caritani sing nganti cêtha bangêt, ya Kang Garèng, supaya ing têmbe yèn kowe duwe kêpengin têtruka mrana, aja nganti kêduwung. Kang kapisan sing prêlu kok èlingi, pangkatmu mrana kudu saka karêpmu dhewe, ora prêlu manut miturut nyang omonge liyan, gêlêm, bêcik nèk sugih aras-arasên iya ora dadi ngapa. Dadi têtrukamu mrana kuwi, dudu kontrak, nanging mêrdika.

Garèng : Dadi têgêse, yèn ana ing kana kowe ora krasan, arêp: ing, ing mari pulang nagara Jawa, iya kêna.

Petruk : Kêna apa manèh, Kang Garèng, anggêre bisa nyukupi sarate bae. Sadurunge aku ambanjurake katêranganaku, aku arêp kôndha nyang kowe dhisik, yèn kolonisasi ing Lubuklingga iku modhèl gagrag anyar.

Garèng : Lho, Truk, kok diarani modhèl gagrag anyar, apa nganggo wiron jêpitan barang.

Petruk : Hara, kok banjur anggladrah rêmbuge [rêmbu...]

--- 923 ---

[...ge] mangkono. Sing tak arani modhèl gagrag anyar, sabab pangaturane ing kono beda bangêt karo ing kolonisasi liya-liyane, kaya ta: kolonisasi ing Lampung upamane. Ing kolonisasi loro-lorone, wong sing têtruka, iya bênêr padha diparingi lêmah lêlahanan, mung bae bedane: ing Lampung wong-wonge padha pinaringan lêmah kang isih alas, ing Lubuklingga padha pinaringan lêmah sing wis rêsik. Awit nagara anguningani, yèn sanyatane kaum tani Jawa kuwi ora kulina babat alas. Dadi ana ing Lubuklingga têtrukane dikêpenakake bangêt.

Garèng : Wèh, sajake kok mathuk mêngkono, ta, Truk. Ewasamono aku kok rada prindang-prinding sathithik, dhing, sabab, lumrahe wedang kopi sing dhuwure bêning kuwi, ngisore sok ana êndhêk-êndhêke, wong bangsaku kiyi kêrêp diiming-imingi mangkene kae: ing sakolahan kene kiyi, gurune padha pêng-pêngan kabèh, wulangane pêpak, banjur dicaritakake apa sing diwulang ana ing kono nganti rete-rete bangêt, nanging barêng ana wong sing nglêbokake anake sakolah mrono, jêbul... inalilahi... sagrobag... bayarane.

Petruk : Wèh, hla kowe kuwi le anèh. Sing sapa arêp melik barang bêcik, iya kudu wani kelangan sathithik. Mêngkono uga kaanane ing kolonisasi ing Lubuklingga, wong-wong kolonis ana ing kono kuwi wis akèh kapenake bangêt, sabab, wis ora susah babad manèh, kowe wêruh dhewe, ambabad kuwi pagawean sing rêkasa êmbahne rêkasa. Apa kok kira bisane alas mau rêsik, mung dinamu: pus, ngono bae, mêsthi orane, Kang Garèng. Anggone nagara dhawuh ambabad alas mau, nganggo ngupahi, Kang Garèng, tur iya sasayahiranèki. Dadi saupama nagara banjur mundhut liru sawatara, lho, kuwi rak iya wis mêsthine, ta. Wis Kang Garèng, saiki rungokna dhisik, mungguh kapenake wong-wong sing padha arêp têtruka nyang Lubuklingga kuwi mau. 1e pangkate saka ngomah tumêkane ing Lubuklingga, yaiku: saka ngomah nyêpur nyang Tanjung Priuk, saka Tanjung Priuk nunggang kapal têkan ing Oshapên, palabuhan ing Lampung, iki lakon sawêngi muput, banjur saka Oshapên nyêpur manèh têkan ing Lahad, esuke saka Lahad nyêpur manèh nyang Lubuklingga, lakon kurang luwih rong jam sêtêngah, saka kene banjur ngoto bis nyang kolonisasine, iki kabèh dibayari nagara dhisik. Iki nèk dipetung kabèh, iya samangane lan jajane pisan, ora kurang saka salawe rupiyah, Kang Garèng, ewadene diparingi kamurahan, mung didhawuhi nyaur rolas sê-

[Grafik]

--- 924 ---

têngah rupiyah, thik dikaparêngake nyicil. Hara, apa ora mayir.

Garèng : Nèk nagara pancèn nêdya paring pitulungan, ambok iya, Truk, aku iki diparingi ngampil dhuwit salawe rupiyah, kaparênga nyaur limang ringgit, kathik nyicil.

Petruk : Mèngklèkmu, kathik arêp enake dhewe bae, karo manèh prêlune bae apa. Balik nagara pêparing pitulungan sing mangkono mau, krêsane rak utama bangêt. Dhèk anu wis takcaritakake, ing tanah Jawa kuwi wong-wonge wis pating kriyêk ênjêl-ênjêlan bangêt, nganti akèh uwong-uwong, aja manèh anduwènana lêmah, lagi golèk pangan bae wis rêkasa sing ora karuwan kae. Sarana paring pitulungan nyêpurake, mraokake, maringi pangan nyang wong-wong sing padha gêlêm têtruka ana ing tanah sabrang, kathik mundhut baline dhuwit mung sabagian mau, krêsane nagara, timbangane ana ing desane kêna diarani cupêt anggone golèk pangupaboga, ana ing tanah sabrang kana diparingi dalan supaya bisa ngajokake awake. Mulane ana ing kana aja nganggêp: wah, mêsthi lèk kêrkos, sondhêr ongkos, têgêse: karo lenthe-lenthalentha-lenthe. bae, mêsthi bisa mangan enak, turu kêpenak, kliru, Kang Garèng, ana ing kanane iya kudu nyambut gawe sing dhikut. Tak tanggung, Kang Garèng, ana ing kana anggêre ora kêsèd bae mêsthi bisa mulya, apês ambalêbês, uripe iya ora bakal kapiran, ta. Kajaba iku, Kang Garèng, kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, lêmahe ing Lubuklingga kuwi isih alas grêng. Yèn lêmah iki diparingake isih rupa alas, mêsakake kanggone kaum tani Jawa, awit kaum tani iki ora kulina babad alas, mulane banjur diopahake nyang wong liya, kang waragade ora sathithik. Kang mangkono wong-wong tani banjur bisa diparingi lêmah sing uwis rêsik, yaiku: siji-sijining batih, pakarangan sêprapat bau, sawahe sêbau. Kathik mung didhawuhi ambalèkake waragad babad mau, mung wolulikur rupiyah tur kêna nyicil manèh.

Garèng : Dadi gunggunge utange nyang nagara sêsiji-sijining batih tumêkane ing kana: f 12.50 + f 28.- = f 40.50. Iki kaya-kaya ora abot ingatase banjur olèh pêkarangan ¼ bau, lan sawah 1 bau. Nanging, Truk, ana ing kana mêsthine sing akèh duwene mung kathok lan tapih thok, dhuwit ora, pangan iya ora. Anggone ngolah sawah lan pakarangane, apa iya dikon karo tapa.

Petruk : Kang mangkono kuwi nagara iya wis amênggalih, yaiku mangkene: salawase wong mau durung bisa duwe pametu apa-apa, kira-kira pitung sasinan, wong-wong mau diutangi bêras, lênga lan uyah. Kathik kêna dicicil manèh. Mara, apa ora dikêpenakake. Môngka kudu kopikir, ing kono dianakake pranatan sing ngènthèngake panyambutgawene wong-wong mau, yaiku: sajêrone têlung taun, ora dikênani pajêg sarta èrêndhisên. Dadi sajêrone têlung taun kuwi bisa nyambutgawe kang prêlu kanggo kabutuhane dhewe bae. Mara, tumrape wong sing gêlêm nyambutgawe, apa kaanan sing kaya ngono kuwi, ora kêna diarani: enak eca, anggêbêg rôngka mangku rôndha.

--- 925 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

TANAH NGRIKI

Papan anggêgana ing Cêpu kasuwak. Wontên wartos, papan anggêgana ing Cêpu sampun dangu botên kangge. Ing sapunika wontên wartos malih papan anggêgana wau badhe dipun suwak babarpisan, dene pasitènipun wontên 90 bau lajêng badhe dipun wangsulakên dhatêng têtiyang dhusun.

Tandhanipun rêdi Cêrême ngêdalakên latu. Sampun sawatawis dintên kawartosakên bilih rêdi Cêrême tansah ebah. Sarêng wontên wartos wau lajêng katingal ing pucak ngêdalakên kukus. Malah ing sapunika katingal saking Cirêbon manawi wanci enjing botên pêdhut, ing pucak katingal wontên latunipun.

Pajagèn ing rêdi Cêrême. Miturut wartos, ing bab kawontênanipun rêdi Cêrême, ing lambening kawah sacêlaking jêblosan katingal kirang kiyat, gambil ambrukipun. Dr. Neumann damêl papan pajagèn ing Cipani'is, sacêlakipun Mandirancan, kanthi mantri 2, sabên dintên nitipriksa. Kajawi punika ngawontênakên pajagèn wontên ing papan ingkang nyamari, kangge suka sumêrêp manawi wontên bêbaya. Ing sawetan Mandirancan pinanggih têntrêm, botên pêrlu kawontênakên pajagèn.

Sultan ing Deli damêl paargyan tigang warni. Miturut wartos, panjênênganipun Sultan ing Deli badhe damêl paargyan tigang warni. Ing salêbêtipun wulan Augustus ngajêng punika, mèngêti anggèning ngasta panguwaos kasultanan sampun 45 taun, tuwin anggèning jumênêng sultan sampun 12½ taun. Makatên ugi ing wulan wau tumindak kontrak politiek jangkêp 75 taun. Minangka paargyanipun mawi kawontênakên pasar malêm ingkang dipun wiwiti wontên tanggal 22 Augustus, laminipun 10 dalu.

Barang ingkang malêbêt ing tanah Jawi tuwin Madura. Miturut cathêthan, lêbêtipun barang-barang ing tanah Jawi tuwin Madura ing wulan Juni kêpêngkêr wontên 85.900 ton, rêgi f 31.000.000.-. Ing taun kêpêngkêr wulan makatên namung 55.900 ton, rêgi f 14.000.000.-. Petang samantên wau ingkang kathah piyambak ing Tanjung Priok, wontên 33.000 ton, rêgi f 13.500.000.- (Juni 1936 wontên 22.600 ton, rêgi f 5.800.000.-)

H.B.S. ing Makasar. Kawartosakên, Europeesche School-commissie ing Makasar tampi dhawuh lumantar têlêgram saking Departement Pangajaran, bilih wontêning murid ingkang kacathêt namanipun kangge H.B.S. sakêdhik-sakêdhikipun 8, wiwit wulan Augustus ngajêng punika badhe sagêd kaadêgakên klas 1 tumrap H.B.S. panggenanipun kagamblokakên kalihan Mulo. Dene manawi sagêd ngawontênakên klas 3, pangajaranipun ugi tumimdak kados H.B.S. 5 taun.

Ambêbêdhag bantèng. Ing kabudidayan Pasir Jati, laladan siti partikêlir ing Pamanukan en Ciasemlanden badhe kawontênakên tindak ambêbujêng banthèng, kirang langkung wontên banthèng 20 kajawi anak-anakipun. Ingajêng wontên sêdya badhe mindhah banthèng wau dhatêng sanès panggenan, amargi tansah ngrêrisak. Ing sapunika badhe dipun bêbujêng kemawon, nanging botên dipun pêjahi, amargi badhe kakintunakên dhatêng kêbon-kêbon binatang ingkang ambêtahakên sangêt. Nanging sarèhning rêkaos sagêdipun gêsang, badhe mêndhêt anak-anakipun kemawon, ingkang sêpuh dipun pêjahi.

[Iklan]

Babagan Punggawa Praja. Golongan guru, t. Djalil alias Soetario guru ing Ambonschool Malang, kapindhah dhatêng Schakelschool ing Gombong. T. Samsoeri, guru ing Schakelschool ing Gombong, kapindhah dhatêng Ambonschool ing Malang.

Golongan pangrèh praja, R. Moehamad Basah, asistèn wêdana ing paresidenan Priyangan sawatawis mangsa, makili padamêlan Adjuncthoofddjaksa Landraad ing Bandung. R. Moestaram, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidenan Priyangan, makili pangkat asistèn wêdana paresidenan Priyangan.

Golongan pakaryan pagantosan, t. Prawironoto, beheerder pagantosan ing Merakurak (Bojonêgara), kapindhah dhatêng Purwadadi (Sêmarang). T. Martowigêna kapindhah saking pagantosan ing Mlaten (Sêmarang), dados ondêr beheerder pagantosan ing Salatiga-Noord (Sêmarang). T. Soewandono, kapindhah saking pagantosan ing Jêmbêr (Bêsuki), dados hoofdschatter pagantosan ing Merakurak (Bojonêgoro).

Nanggulangi sêsakit lepra ing Madura. Badhe tumindaking nanggulangi sêsakit lepra ing Madura tumuntên katindakakên. Pinanggihipun tiyang ingkang sakit wontên 1100, ingkang 600 saking Bangkalan. Gunggunging jiwa ing Maudura wontên 2.000.000. Para dhoktêr ing Madura sami ngrangkêp padamêlan babagan lepra. Nanging sapunika badhe kawontênakên piyambak kanthi punggawa sanès-sanèsipun. Waragadipun badhe angsal saking Madura-welvaartsfonds f 9000.- sabên taun, tuwin f 5000.- kangge damêl griya miyambak.

Congres Tuberculose. Miturut rancangan, benjing congres Tuberculose ing Sêmarang ing wulan punika, para dhoktêr sami mêdhar sabda babagan tuberculose warni-warni, wontên ing dintên Jumuwah tanggal 30 tuwin Sabtu tanggal 31 Juli. Manggènipun wontên ing gêdhong Gemeente tuwin ing C.B.Z. mawi darmawisata dhatêng Sanatorium ing Kopèng. Wêkasanipun kawontênakên dansah ing Hotel du Pavillon tuwin suka-suka sanèsipun.

Rawuhdalêm K.T. Ingkang Wicaksana ing Ngayogya. Benjing rawuhdalêm K.T. Ingkang Wicaksana ing Ngayogya, kaparêng badhe nguningani griya-griya sakit ing salêbêting kitha tuwin badhe mriksani dhatêng Rongkob, Gunung Kidul. Dene wontênipun ing kadhaton badhe dipun sugata lêlangên ringgit tiyang, dhapukaning lampahan dipun cêkak.

Ngayomi patilasan kina. Pamarentah manggalih babagan ngayomi patilasan-patilasan kina, saha mawi ngewahi undhang-undhang ingkang pikantukipun anjêmbarakên bab tumindaking damêl. Wiwit taun ngajêng badhe miwiti patilasan Islam kina ing Sonyaragi (Cirêbon). Patilasan-patilasan wau dipun udi mulyanipun.

--- 926 ---

Propessor Samsoe. Ing wêkdal punika wontên juru sulap tiyang siti ingkang misuwur, nama Propessor Samsoe. Tuwan wau asli saking Minangkabao, sampun lêlana dhatêng pundi-pundi tanpa sêdya, wusananipun dumugi ing Singapura. Wontên ingriku sinau kawruh sulap tuwin daya kêkiyatan warni-warni. Sasampunipun mumpuni lajêng lêlana malih. Sampun sawatawis dintên dumugi ing Sêmarang mitongtonakên kagunanipun wontên ing Pasar Malêm Krida Matoyo, tuwin kêrêp dipun undang mirunggan. Kasagêdanipun sulap wau anggawokakên.

Pakunjaran ing Nusakambangan badhe dipun agêngakên. Wontên wartos bilih pakunjaran ing Nusakambangan badhe dipun agêngakên, cêkap kangge tiyang 10.000, wêwahan pakunjaran wau badhe manggèn ing Kêmbang Kuning. Manawi sampun dados, ing Nusakambangan badhe dipun dèkèki directeur pakunjaran 3, manggèn ing sisih lèr, têngah tuwin kidul. Pangagêng wau ingkang satunggal Hoofddirecteur, manggèn ing Jumblêng. Tumindakipun wontên ing taun 1938. Dene pakunjaran ing Cilacap badhe kangge jujugan para têtiyang ingkang badhe dhatêng Nusakambangan utawi namung kangge têtiyang paukuman sakêdhik.

Mr. R.M. Djokomarsaid. Wontên wartos, Mr. R.M. Djokomarsaid, badhe katêtêpakên manggèn ing Surabaya dados ambtênaar voor den binnenlandsche handel en nijverheid.

Kêrapan ing Madura. Ing salêbêtipun wulan Augustus tuwin Sèptèmbêr 1937, ing saindêngipun Madura badhe kawontênakên kêrapan gêntos-gêntos.

Tanêman sata saya mindhak. Ing wêkdal punika Deli Mij. badhe nanêm sata langkung kathah, ambikak kabudidayan lami Saint Cyr sacêlakipun Arnheimia, ingkang sampun katutup 14 taun laminipun. Pambikakipun kabudidayan wau benjing tanggal 1 Novèmbêr ngajêng punika.

Dhukun gaib. Ing Sêmarang wontên dhukun bangsa Walandi asli saking Malang, nindakakên padhukunanipun ingkang bangsaning elok-elok, malah lajêng sade jimat punapa tuwin tindak sanès-sanèsipun. Ing bab punika dangu-dangu kauningan ingkang wajib lajêng dados papriksaning pulisi.

Mriksa kabudidayan Jêpan. Residhèn Jansên mêntas rawuh ing Manokwari, lajêng nitih motor mabur Dornier papriksa dhatêng kabudidayan Jêpan ing Warên, nglangkungi laladan Wayori tuwin Ransiki, tindakipun kanthi asistèn residhèn tuwin commandant kapal Sumba.

S.S. badhe damêl gêrbong ingkang kobèt. Awit saking pamanggihipun Ir. G.F. Berg, pangagêng babagan yêyasan ing S.S. supados gêrbonging sêpur dalu dipun wiyarna miturut gagrag Eropa, ingkang nocogi kalihan kêkajênganipun têtiyang tanah ngriki. Gêrbong S.S. wau badhe mawi gêrbong patilêman mawi lawang ingiringan, papanipun patilêman malang, wiyaring gêrbong 3 m. dados tinimbang gêrbong sapunika mindhak 30 cm. kadosdene gêrbong ing Eropa. Bab punika Ir. G.F. Berg sampun nindakakên wawasan dhatêng Jêpan punapa.

Sêsorah bab hukum adat. Ing Taman Siswa Ngayogya mêntas kawontênakên sêsorah hukum adat dening Mr. Dr. Soepomo, kathah para agêng ingkang sami anjênêngi. Ingkang kagiyarakên ingriku ing bab beda-bedaning tatacara, inggih punika tatangadat ing tanah ngriki, mêndhêt têtuladhan pintên-pintên nagari. Ing salajêngipun kasèlèhakên dhatêng ewahing tatangadat wau, saha sagêda tatangadat wau pulih dening panuntuning guru kabangsan.

Raja pêjah kêdêngangan dening tindak cacah jiwa. Ing bawah ondêr dhistrik Gondhang, Kêrtosono, wontên durjana-durjana kajêng ingkang garêjêgan prakawis panduman, wusana nuwuhakên pasulayan, wontên ingkang dipun pêjahi, mayit dipun kubur piyambak dening ingkang mêjahi, bojoning mayit ajrih wêwartos, amargi dipun ancam dening ingkang mêjahi. Caranipun ingriku sabên wulan nindakakên cacah jiwa. Sarêng ingkang nacahakên jiwa pitakèn dhatêng bojoning mayit, wontên pundi, bojoning mayit kêpêksa prasaja. Wusana lajêng gamblang dados papriksan pulisi.

Talaga Dusseldorp. Comandant wadya lautan ing tanah ngriki gadhah unjuk dhatêng K.T. Ingkang Wicaksana, supados têlaga ingkang pinanggih ing Nieuw Guniea dipun paringi nama Dusseldorp-meer. Murih ing têmbe talaga wau botên dipun sukani nama dening sanès, supados bab punika dipun wara-warakakên dhatêng para pangagêng departement ingkang gêgayutan.

NAGARI WALANDI

Ngasta pangkat enggal. Miturut wartos saking Den Haag, kawrat kêkancingandalêm nata, ministêr Steenberghe dipun kèndêli anggènipun ngasta babagan Landbouw en Visscherij, santun dipun pasrahi babagan Departement Economische Zaken.

EROPA

[Grafik]

Ngurmati Marconi. Anyarêngi wanci panguburing layonipun Tuwan Marconi, ing Inggris kawontênakên pakurmatan sarana ngêndalakênngèndêlakên. lampahing radio-telegraaf tuwin radio-telefonie, makatên ugi tumrap empire-radio-telefoon tuwin sêsambêtanipun radio kalihan kapal-kapal ing Eropa dangunipun 2 mênit. Layonipun Tuwan Marconi wau dipun kubur ing Bologne, Inggris.

Kakiyatan wadya anggêgana Inggris. Ingkang pinanggih ing sapunika, wontênipun wadya gêgana Inggris pinanggih ingkang agêng piyambak ing sadonya. Dene tumindakipun namung sêsidhêman. Miturut katrangan, wiwit tanggal 1 April sampun ngêdalakên partisara tumrap juru nglampahakên motor mabur 3157, lajêng wêwah malih 416. Dene ingkang taksih sinau wontên 26.072. Sabên taun ngêdalakên motor mabur 700. Kajawi motor mabur ingkang dipun têmtokakên, Inggris taksih gadhah malih ingkang botên kasumêrêpan cacahipun, tuwin ugi taksih wontên sanèsipun malih.

--- 927 ---

Dongèng Suleman

Dening: P.P.

[Kinanthi]

manawi manungsa sinung / wêwênang maring Hyang Widi / kawasa darwa pêpadhang / nanging tan kangge madhangi / mring kang para kêpêtêngn /Kurang satu suku kata: mring kang para kêpêtêngan. têtêp nistha niring wèsthi //

padhange mung samya mungsuh / misayèng badan pribadi / kadi gusti jêng paduka / kadunungan pangwasa di / wênang anduma pêpadhang / maring sapadhaning urip //

prandene gusti sang prabu / datan karsa amadhangi / maring ing sapadha-padha / mung padhang kagêm pribadi / dadya padhang tan prabeda / lan kang pêtêng sami ugi //

marmanya jêng sang aprabu / numbuk pêpadhang pribadi / anandhang roga ing karna / pun rêna kêsasar margi / pami gusti paring padhang / pun rêna mêsthi wruh margi //

titi aturira sampun / platukbawang kyana patih / sang aprabu suka myarsa / ngalêmbana dalêm batin / nlôngsa kaluhuran sabda / ngluhurkên asmèng Hyang Widhi //

sumungku tur puji sukur / karêksa deranggung bêkti / ing Pangran Allah ing jagad / kabèh kang sarwa dumadi / dadi rowang bêktining Hyang / winahyèng samobah-mosik //

Jêng Nabi gya manabda sru / he rêna sira tan sisip / kêsaput pêtêng tanpa myat / wêkasan kêsasar margi / mlêbu marang karnaningwang / nanging têrang tan kinapti //

marma atas dhawuh ingsun / sira linuwaran saking / sêrêganing wadya jaksa / wus ebra datanpa dadi / dera sira datan dosa / lan olih sabdèngsun malih //

ilunira iku sinung / prabawa bisa darbèni / cahya padhang môngka damar / dadi srana tuduh margi / lah iyèku purwanira / rêna amarkatèng ratri //

pundhat pangêmbating kewuh / purwakanirèng prakawis / natas nètèsi pancasan / pratitis dera mutusi / nata jêngkar angadhatyan / tapis mijil kang sumiwi //

[Mijil]

kawuwusa nuju sajuga ri / risang aji miyos / siniwakèng wadya sadayane / ngalun-alun kaleban lir kadi / trunaning udadi / baludag dinulu //

nulya ana sawijining pêksi / laju dumarojog / jujug ngarsa sang aji sowane / rang-urangan wastanira pêksi / pasêmone wingit / lêlungiding cucuk //

mingis pantês tiksnaning jêmparing / wulu lus amramong / ngapurônta gumrining kuninge / nèng ngarsa ji jatmikane kèksi / kasusilan titi / tata têtêg tangguh //

gita ngawe wau Kangjêng Nabi / sabdanira alon / lah bageya kang prapta katêmbèn / apa samya suka myang basuki / ing sasuta swami / kang kari ing pungkur //

kang sinabda nêmbah matur aris / dhuh jêng sang akatong / barkah miwah pangèstu lunture / kalingga ing murda mahastuti / kapêtêg pinusthi / mastaka ingêmbun //

ngambar sasat kang jêbat kasturi / matruh tumêrah rob / sumarambah sakukuban kabèh / inggih manggih bagya myang basuki / tarlèn turing dasih / malat-sih lumintu //

môngka lintu sêtyaning astuti / satata sumaos / amanguswa ing lêbu labête / nênggih pada paduka Jêng Nabi / kang môngka bawani / bawana rahayu //

iya bangêt panarima mami / samêngko sun takon / umatura satêmêne bae / paran marga sira sun timbali / kongsi bola-bali / saguh tan kêpangguh //

inggih-inggih nanging tan pinanggih / mung manggung sumados / mubêng gayêng pijêr besuk êmbèn / basaknea êmbèn dawa kongsi / kasèp gon sun nganti / tita wus mèh lalu //

asangsalan lir sualing ngèlmi / kang ngluwihi jêro / nora gampang jajag-jajagane / gene sira matur lagya manggih / bêbaya linuwih / kêtêkanan mungsuh //

gêdhe miwah môndraguna sêkti / sêsanggane abot / saking dene jaya kawasane / sinihan mung winongwong WyangHyang. Widhi / ing samangkya lagi / sira uthun-uthun //

lawan luwih dera anglêlithing / sapakon linakon / sira juju mrih enggal lêmune / nora kêna mèngèng rina wêngi / lara praptèng pati / sira tanpa petung //

mungsuh mau sira suwitani / sêtya lair batos / amituhu bara saprentahe / ora kêna mingkuh ing satuding / mung kudu nglakoni / kang ewuh-pakewuh //

kawasane dera amêngkoni / ngungkuli sang katong / yèn suwita ing ratu prentahe / barang gawe isih nganggo dugi / tan tinggal prayogi / komaning pamêngku //

balik mungsuh kang kosuwitani / ngrêngkuh batur tukon / marang sira wus ilang têpane / nadyan nora kiyat pêksa pinrih / kudu dèn ayati / angangkat anjunjung //

balung putung wus tan kêna mukir / mikir otot pêdhot / kudu sarwa bangun turut bae / suprandene sira ngrumasani / mung lila nglêgani / lêgawa lumaku //

lawan tansah bungah angubungi / sukaning tyas kasok / sakèh susah karibêdan kabèh / tangèh krasa rêkasaning ati / mung bungah nyrambahi / kambah siyang dalu //

ing sapolah-tingkahe mung dadi / lêng-lênging kalangon / lawan manèh samuna-munine / amung dadi panujuning ati / sarwa suka myarsi / sung pangruwat rapuh //

paran ing rèh kabèh kang kawijil / ing atur wigatos / wosing gita têrangna têgêse / marga ingsun durung pisan ngrêti / jatènana nuli / têtelaning sêmu //

amanêmbah sarwi matur aris / raosing wigatos / dhuh-dhuh gusti sapintên lêpate / pati-pati dasih ta mung mamrih / kamirahaning sih / panyapu bêbêndu //

mugi gusti ngêgunangêgungna. jaladri / wau kang kawiyos / kayêktèning wiraos artose / semah amba nêmbe darbe siwi / byahing tigan katri / têmruntun lêstantun //

sintên-sintên kang samya sêsiwi / sampun tamtu ngrêtos / raosipun mring upakarane / nadyan wontên kaoting pangrukti / nanging botên têbih / wus kenging ginêbyug //

ngêmbrahipun kang kêlampah sami / kalimrahaning wong / sato kewan ugi botên pae / inggih namung sami ugi gusti / marma wus tan mawi / winarna ing wuwus //

dene gusti gyan ulun mastani / mêngsah kinuwaos / praptanipun ing agêng sêpuhe / sami supe maring yayah wibi / sakit praptèng pati / tinambuh tanpa wruh //

limrahipun para yayah wibi / botên mawèt anom / saya sêpuh wus pêsthi kasêpèn / datan kangkat ing rèh nambutkardi / dadya têmah manggih / papa tan kêpupu //

para siwi kang sampun kuwawi / myang kuwaos pados / sandhang têdha pribadi tandyage / angadêgke sêtandar pinandhi / pratôndha mandhiri / amribadi idhup //

umbag umuk marang yayah wibi / ngajak acaruk rog / rêbut mênang gêsang dhewe-dhewe / suthik bucik kacuwik sêthithik / thik-thik malangkêrik / cêrak-cêrik kluruk //

nora butuh wêruh lan kêpanggih / krungu bae êmoh / ya wis êmbuh nora wruh ujare/

--- 928 ---

aja panggih ing sajêge urip / ora bakal gigrig / mati ya karêpmu //

urip iya sakarêpmu ugi / êmbuh ora wêroh / ingkang para siwi pangrêngkuhe / bilih sampun sagêd ngupa bukti / maring yayah wibi / mung sinêngguh mungsuh //

sarwa wisuh yèn samya ngawruhi / myang umyarsa wartos / maring sakèh ewuh-pakewuhe / ngêlu mulês lawan sukêr sakit / munggwèng yayah wibi / abane ing rêmbug //

biyèn-biyèn saiki-saiki / wus lumrahing uwong / angopèni gêdhèkke anake / yèn wis gêdhe ora kêna gênti / marga banjur ugi / anake ya mêngku //

somah miwah sêsiwi pribadi / dadi sanggan abot / ora beda dhèke dhèk nu kae / gene mau wong tuwa nêmahi / kêmohan mung nglikik / êmbuh sakarêpmu //

ya pagene biyèn tan pinikir / yèn akiring uwong / iku tuwa atiwas gawene / ina nora gêlêm angèngèhi / klumpuk tandho dhuwit / jagane yèn pikun //

kaniaya têmên Sang Hyang Widi / gusti ywa rinaos / ingkang para siwi wêwalêse / maring yayah wibi tan nglabêti / tilasing trêsna sih / sumisih mung mungsuh //

nanging mêksa para yayah wibi / sih trêsnane manggon / maksih têtêp tan sagêd ngipatke / pami siwi wontên kang umanggih / rèhing baya wèsthi / wus pêsthi pra sêpuh //

sèwu giyuh tambuh-tambuh kingkin / tan kêna rinaos / anrusing tyas kasok sangsayane / saya gêgês panggrantêsing ati / ngênês angranuhi / salami tan limut //

lamun nuju para yayah wibi / kabêgyaning uwong / môngsa-kala sok asring krêjêkèn / sangkanparan praptane tanpa wrin / kèpi ngimpi-impi / sinukênsinungkên. mring sunu //

wus sinêmu lêdhok dèn kêdhuki / kang anggrong dèn êsong / dèn urugke ing gumuk punthuke / yèku yayah wibi maring siwi / sèwu dera têbih / boting timbangipun //

apan inggih kang makatên gusti / kang ulun wiraos / ing pasêmon sêsiwi uwose / murwèng mêngsah agêng langkung sêkti / satêkaning pati / ngusir soring kubur //

titi ture rang-urangan pêksi / sang prabu nabda lon / hèh sakèhe kang sewaka kabèh / kang têtela dèn samya miyarsi / yèki dhawuh mami / dèn asêtya tuhu //

sing sapaa padha anglakoni / rèhing karahayon / iya iku bêciking panggawe / kang arila lêgawa trus ngati / ywa nganti mahapti / praptaning pamangsul //

lah iyèku ingkang dèn arani / sampurnèng pamanggon / lire tutug ing sangkanparane / nora nana kang pinaran malih / wêkasan sajati / jênênge ing laku //

lamun maksih nèng linakon malih / aran durung pantog / tôndha isih ana ing tutuge / dadi durung sampurna sajati / yèn jatining bêcik / sampurna satuhu //

lire dera laku gawe bêcik / tan raos-rinaos / lamun maksih mamrih pêpulihe / aran durung sampurna ing bêcik / kosokbalik dadi / piala winangsul //

kaya juru anguyahkên dhuwit / wite kang linakon / mung kinarya ngupaya pakolèh / wêkasane gung ala kang olih / mubêng bola-bali / wus datanpa rampung //

anglir laku piala sakalir / iku datanpanggon / gonta-ganti alihan gon bae / pêsthi walês-winalês tanpa wis / tur walêse mawi / uyahan mêgatruh //

[Mêgatruh]

yèn piala siji bakal dadi têlu / têlu tikêl têlu malih / mêngkono salajunipun / pantoge kadi ngupadi / ing ngêndi pojoking tebok //

poke mau anak tan wruh mring wong sêpuh / rahsa manungsane sêpi / têgêse mung wong kang kudu / mêruhi panggawe bêcik / mulane manawa uwong //

wuta tuli ala bêcik ora wêruh / rasa manungsane sêpi / prasasat rasaning satu / satata gawe rèh juti / jinatèn lir setan katon //

yèn satoa pialane tanpa tuju / karana kewan nora wrin / mring barang panggawenipun / ala bêcik tan kinapti / sêpi ing raos-pangraos //

dene mau yèn ngakua uwong kudu / wruh bedaning ala bêcik / ya pagene apitambuh / dèn bêciki yayah wibi / malah malêsi piawon //

nora wêruh pialane bakal tuwuh / wohe mring siwi pribadi / dadi ala tikêl têkuk / tumanduke kang malêsi / ngluwihi kang wus linakon //

ya mulane urang-urangan ing mau / umawèh sêmuning juti / wijil saking para sunu / kang nangsayèng yayah wibi / pindha dhudhah mayit bosèk //Guru lagu seharusnya, 8o: pindha dhudhah mayit bosok.

kang wus basah lungkrah nèng sajroning kubur / abadhêg abangêr bacin / dèn abul dikongsi kombul / akasa sumawur bumi / mangêbyak kang gônda awon //

liring sêmon pialaning anak tuwuh / nganakke piala malih / malah angluwihi ing dur / nglantur saturun malêsi / saya tansah wuwuh awon //

nora mawa wêwangênan mung anglangut / bêgjane kang agawe wit / mawiti alaning laku / kasêpèn siwi kang mursid / ngluhurkên kuburing layon //

ngirim burat wida sugônda mrik arum / malah masung angusungi / sisa dhandhang bathang mambu / bangêr ingêbyukkên sami / sêmuning siwi kang awon //

miwah ana anggêring Hyang Maha Gung /Kurang satu suku kata: miwah ana anggêring Hyang Maha Agung. anak kang watak tan bêcik / wèh sak sêrik bapa biyung / Allah wus tan karsa paring / apura siksane manggon //

saênggone mung mangguh papa tumêmpuh / sangsarane sru muwuhi / tumuwuh sapati idhup / tan pêdhot kaèsi-èsi / saya kasangsaya kasok //

wus kasêksèn sanadyan dadia ratu / nanging sangsayaning urip / malah tansah sungsun timbun / angur para pêkir miskin / kêna mêrtobat Hyang Manon //

bisa nêmu bêrkahing Allah lumuntur / dumulur alaku bêcik / alane kang wus piduwung / sirna sinung pangaksami / samargane karahayon //

balik yèn wong tan bêcik mring bapa biyung / wus kêntekan ing pangapti / pangapuraning Hyang Agung / wus suwusuwung. tan arsa paring / murahe ana wiraos //

rèhing sêmu môngsa catur uminta truh / sayêkti tan dèn sinungi / nanging lamun môngsa wolu / tan anjaluk wus dèn wèhi / wau wahananing sêmon //

sêmonoa yèn larang-laranging êtruh / maksih kêna dèn êntèni / srana angon mangsanipun / balik barkahing Hyang Widhi / larang tan kêna liniron //

nora bisa tumibèng anak ambêk dur / tan bêcik mring yayah wibi / bisane olèh lan lêbur / murwèng urip duk sakawit / kono pangruwating lakon //

sampun titi têpa otamèng tumuwuh / pamarsitaning narpati / kongsi mangsanira lalu / laju jêngkar jêng sang aji / têdhak alon angadhaton //

parêng lipur kang sumiwi samya mundur / sokur rêna sri bupati / ambêk wipra pratamèng yu / kayuwananing dumadi / sida marta dadining don//

--- 113 ---

No. 29 taun VIII

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK LÊNGGANAN KAJAWÈN LELAHANAN.

Mangsuli Layang

Soedarti p/a Partomihardjo, Mantri W.B. Kaloran (Panggang) Bantool (Ngayogya). Bangêt bungahku tampa layangmu têtêpungan kang têmbunge anyênêngake. Sukur yèn kowe kêpengin urun-urun ngêsèni T.B. Karanganmu uga wis dak tampa kanthi sênêng.

Soedjiman p/a Ng. Soeroprawiro, Prawirotaman 71. Ngayogya. Achm. Mashadi Banyuwangi. Soesilo Pejagoan Kêbumèn. Layangmu isi lêlucon aku wis tampa, bangêt panrimaku, nanging aja pisan dadi atimu, ora bisa kapacak, awit kurang apik. Saiki coba-coba gawea liya manèh, yèn kowe kobêr, aja banjur cilik atimu, wis lumrahe lagi sinau, suwe-suwe besuk rak apik.

Soerono Tg. Garboes. L. Pakam Medan. Aku wis tampa layangmu kang isi cangkriman lan lêlucon, ora liya bangêt panrimaku.

Sriwoelan Tuban. Sri, aku bungah bangêt, dene kowe munggah klas 7 lan adhimu klas 4. Lêstaria anggonmu sinau, supaya besuk taun ngarêp bisa entuk dhiploma lan bisa nêrusake sêkolah manèh nyang Deventerschool utawa liyane.

Timan Surabaya. Timan, Soedjiman ing Ngayogya kêpengin têpung karo kowe. Yèn kowe kobêr, sarta dhangan kirima layang, ing ngisor iki adrèse: p/a Ng. Soeroprawiro, Prawirotaman 71 Ngayogya.

Waidjah lan Soeprapto p/a Prawirosoekarto sêmplon 26 Magêlang. Karanganmu wis dak tampa kanthi bungah. Soeprapto, bangêt panrimaku kowe anêpungake nyang Bu Mar sarta ngirimi lêlucon kanggo T.B.

St. Aminah Tambak Kêsamben (Blitar). Aku wis tampa layangmu têtêpungan kanthi sênêng. Yèn kowe arêp milu urun lêlucon kanggo T.B. iya prayoga bangêt.

Soewarsi lan Doel Bai p/a R. Soemorêdjo Nyêyoran Jatiroto. Layangmu pitêpungan wis dak tampa kanthi bungahing atiku. Soewarsi, sukur yèn kowe arêp milu urun-urun ngisèni T.B. dak arêp-arêp. Doel, muga-muga kowe bisaa munggah nyang klas IV.

Sena Klathèn. Karangan wis dak tampa, bangêt panrimaku.

Hermin Surakarta. Bangêt panrimaku kowe mêrlokake kirin layang nyang ibumu manèh sarta isi karangan dêdongengan.

Poedja Oetama Purwokêrto. Ibumu wis tampa layangmu kang isi karangan cangkriman lan etungan, bangêt panrimaku. Nanging pambadhemu bab jenenge Bu Mar luput.

Sri Soerartri Purwokêrto. Bangêt bungahku kowe kabèh padha munggah, lan sukur dene kowe arêp plêsir nyang Bêtawi sarta uga arêp mêrlokake tilik ibumu.

R. Soewardhi Kandangsapi 1/6 Surabaya. Andadèkake bangêt sênêngku kokirimi dêdongengan apik lan kocritani bab darmawisata nyang Bangkalan, lan uga bab kasênênganmu njala. Wah Soe, saiki sarèhne kowe lagi liburan, mêsthine ya banjur njala ya, ndah kaya apa sênênge!

Sarèhne papane wis kêbak, dongèngmu bakal kapacak liya dina bae.

Flasch Gordon''. Gondang-Legi. Malang. Bangêt panrimaku kowe mêrlokake kirim layang têtêpungan nyang Bu Mar. Dadi kowe saiki lagi vacantie 2 sasi, la ya lawas bangêt ya. Aja kakehan anggonmu mangan bakaran pohung, mêngko la banjur kêlêmon, sabên-sabên wis mbêdhol pohung, banjur dibakar, kok dipangan dhewe. Jare arêp ngirimi gêthuk ibumu. Sênêng ya F.G. nandur dhewe, nganti bisa ngundhuh dhewe. Caritamu bab kaanane kutha Malang, andadèkake kêpengenku wêruh dhewe. Yèn kowe kêsasar ing Bêtawi, gampang anjujuga bae nyang Gang Bungur Jawa No. 8, mêsthi têkan panggonane Bu Mar. Besuk kapan kowe plêsir nyang Bêtawi?

Omemarsait Kêrtêk (Wonosobo). Layangmu isi cangkriman lan lêlucon wis dak tampa, bangêt panrimaku.

Nanging aja pisan dadi atimu, lêlucon ora bisa kapacak, awit kurang lucu. Kowe yèn bisa golèk liya manèh sing luwih apik.

Siti Rahajoe murid Cursus V.O. Batang. Bangêt panrimaku kokirimi lêlucon warna-warna.

Siti, anggone Soepiatdjinah durung mangsuli kirimanamu layang, bokmanawa sabab saka durung kobêr. 1 114 6 [kobêr....]

--- 114 ---

[... 1 114 6]

Amin p/a Joenoes, Poncol 23 Sêmarang. Mula bênêr kandhamu. Min, supaya adrèse bocah-bocah katulis sing cêtha, yèn mangsuli layang, dadi yèn ana bocah sing arêp kirim layang ora susah takon adrèse marang Bu Mar. Kapan kowe ngirimi layang manèh nyang ibumu?

Srisoenarni Rêjosari II No. I Sêmarang. Aku bungah bangêt dene kowe wis tamat anggonmu sêkolah, lan aku uga mathuk bangêt kowe arêp nêrusake sêkolahmu nyang Huishoudschool. Sri, ing Bêtawi ora ana. Kêthoprak kang apik. Kowe nakokake Bu Siti Mariyam. Panjênêngane dadi guru ana ing Bogor.

Soemiwati p/a R. Kadijat Kranggan, Wirosari (S.J.S). Bangêt panarimaku kowe ngirimi layang pitêpungan. Pitakonmu pêrkara Sri Hartini lan Siti Djoharin aku ora wêruh.

Layang-layang liya-liyane bakal tak wangsuli Sêtu ngarêp

Ibumu Mar.

Lêlucon

Wayahe mangan sore

Marsining lan Maryati arêp padha mangan.

MarsiniMarsining. takon : "Ning, Ning, kowe yèn mangan nganggo apa?

Marsining : "Ya nganggo tangan.''

Maryati : "Luput.''

Marsining : "Nganggo apa?''

Maryati : "Ya nganggo cangkêm.''

Arêp mapan turu. Marsining arêp malês.

Marsining : "Ti, Ti, kowe yèn turu kapriye?''

Maryati : "Aku yèn turu ya mêrêm.''

Marsining : "Ora, kowe yèn turu ngompol.''

Ibu : "Cuk, Cuk, geneya kowe ora turu-turu mung omong-omongan wae.''

Cuk : "Wong aku wis turu kok, aku rak lagi nglindur.''

Soerono.

Ana wong adol êndog ing pinggir ratan kang sêsak bangêt. Wong adol êndog: "Piye ta sikilmu, apa ora ana mripate, wong wêruh êndog kok dipidak nganti rêmuk kabèh.'' Wangsulane: "La êndogmu piye apa ora kodèlèhi cangkêm, wong kêpidak kok ora gêlêm bêngok-bêngok.''

Siti Rahajoe, Batang.

Kêbênêran

Kere: "Dara, wau dalu kula nyupêna, panjênêngan maringi sata sakatos dhatêng kula, garwa panjênêngan maringi tèh sakatos.''

Priyayi: "Apa kowe ora wêruh yèn wahananing impèn iku kosokbali?''

Kere: "Sumêrêp ndara! Ingkang maringi tèh panjênêngan, garwa panjênêngan ingkang maringi sata.''

Priyayi gumujêng, banjur maringi kaya sing kaimpèkake.

Handini, Pacitan.

Mèmpêr Wêdhus

Wong jenggot takon marang Kromo: "Ya gene kowe katon susah?''

Kromo: "Mila kula susah awit kula kèngêtan menda kula ical. Yèn kula sumêrêp sampeyan kula kagèt, kula wastani menda kula kêpanggih. Awit jenggoting menda kula kados sampeyan.

Soeprapto, Magêlang.

Lawa

[Grafik]

Bocah-bocah dêlêngên, iki gambar lawa, yaiku kewan bangsaning kalong. Sing ketok anjêrbabah iku kupinge, dene awake mono cilik, lan matane ciyut. Dene wus kinodratake dening kang Kuwasa, kupinge lawa kang samono ambane iku migunani tumraping awake, yaituyaiku. nduwèni daya pangrasa lan prayitna manawa lagi mabur, dadi ora bisa numbuk wit-witan utawa apa bae kang bisa njalari apês. Sanajan mabur ing wayah bêngi kang pêtênge andhêdhêt, iya ora sumêlang apa-apa. Kang dadi mêmangsane mung kewan cilik-cilik kang padha mabur, malah kewan-kewan kang kagolong dadi amaning têtanduran kayadene bangsaning walang iya ngimêl. Mulane aja padha milara kewan lawa mau.

--- 115 ---

Mula Bukane Ana Têmbako

Anuju sawijining dina Ratu kang binathara tindak saka Mêkah nyang Mêdinah nitih kapal. Tindake alon-alonan. Dumadakan ana ing satêngahing dalan kapale midak ula. Sanalika iku banjur kolat-kolèt amarga saka larane. Sang Prabu barêng priksa ula mau, enggal têdhak saka kapale. Ula dipundhut sarta diiling-ilingi. Sang Prabu ngêrtos yèn ula mau kapidak jaran. Saking bangêt wêlase ula banjur dilêbokake ing jajane nuli nêrusake tindake. Ora suwe ula mau ngêtokake êndhase lan matur mangkene: "Gusti, kula badhe nyokot panjênêngan.'' Sang Prabu kagèt sarta gumun, dene ana ula bisa tata jalma. Banjur ngandika: "Lho kapriye ta, kowe mau rak dak tulungi, têka saiki arêp nyokot aku.'' Ngandika ngono mau karo ula arêp dibuang. Ula banjur matur manèh: "Saking dhawuhing Gusti Allah kula kêdah nyokot panjênêngan,'' Sang Prabu barêng mirêng, enggal ngulungake astane, karo ngêndika: "O, yèn ngono, ya wis sakarêpmu.''

Ula banjur nyokot astane Sang Prabu.

Mêsthi bae mêtu gêtihe lan rasane lara bangêt.

Ing nalika iku astane banjur dicucup, disêrot wisane. Barêng wisa lan gêtihe wis kakêcohake, ula kabuwang ing kono uga. Sang Prabu nglajêngakên tindake. Sapungkure Sang Prabu, papan (tilas) idu mau mêtu thukulane. Wit mau saya suwe saya gêdhe. Wong-wong ing kono padha gumun, sabab maune ora ana wit-witan sing kaya ngono. Wit mau banjur padha diupakara dening wong ing kono: (wong Islam). Barêng wit mau wis akèh godhonge, padha diundhuhi lan padha dirajang. Padha coba-coba digawe udut lan yèn wong wadon kanggo susur. Nanging padha durung ngêrti jênênge. Barêng Sang Prabu miyos kono manèh, maringi priksa, yèn wit iku jênênge wit têmbako. Lan rasane lêgi tuntung pait. Sing lêgi yaiku kêcohe (idune) Sang Prabu, dene sing pait iku wisane ula mau. Mêngkono wiwitane ana têmbako.

Soedarti, Bantool (Ngayogya).

Tikus lan Gajah

Ana gajah diarak ing wong pirang-pirang ngubêngi nêgara sarta ditunggangi sawijining putri kang endah warnane. Sakabèhing wong padha sênêng-sênêng ndêlêng wujude gajah kang gagah prakosa iku. Ana sawijining tikus wêruh kaanan iku nuli calathu mangkene: "E manungsa, yagene kowe kabèh padha ndêlêng gajah iku lan ora ana siji-sijia kang andêlêng aku? Gajah didêlêng saka gêdhene lan rosane, nanging saka rumasaku aku ora bakal kalah karo gajah iku.'' Sajrone tikus calathu mangkono, dumadakan ana kucing marani lan nggondhol tukus iku lan calathune: "He tikus, saupama kowe gajah, ora bakal kowe kêna tak gondhol.''

Waidjah, Magêlang

Bocah Kêsèd

(Candhake)

Bokne krungu calathune sing lanang, banjur nangis. Darsinah uga krungu têmbunge bapakne, sarta barêng dhèwèke wis arêp turu kaya-kaya iya isih rungonên bae.

Ananging Darsinah anggone turu ora suwe, awit kagèt krungu swara sêru ing kamar. Ing sarèhne ing jêro kamar mau pêtêng, Darsinah dhisike ora bisa wêruh apa-apa, ananging saya suwe barêng mripate wis rada suwe ing pêtêngan mau, dhèwèke banjur wêruh wong wadon cilik-cilik pirang-pirang lagi padha njogèd lan nyandhang sarwa abang. Wong pirang-pirang mau padha nêmbang. Saya suwe têmbange saya sêru lan padha njogèd ngubêngi Darsinah. Saiki Darsinah krungu cêtha, yèn têmbange mau nyaritakake: manawa Darsinah bocah kang kêsèd, èlèk atine sarta wajib disiksa.

Wong-wong sing cilik mau saya suwe saya nyêdhaki nganti Darsinah wêdi lan gila. Sajrone wêdi mau, dhèwèke bêngok-bêngok mangkene: "O, bok, bok, tulungana aku, akèh wong sing arêp padha milara awakku!''

Sanajan êmbokne lagi lara bangêt, nanging mêksa marani anake, anjupuk alu kanggo mênthungi mêmêdi sing arêp nyikara anake wedok.

Alu banjur dipênthungake ing lêmah. Bapakne barêng krungu pamênthunge nuli kagèt bangêt, nyumêt diyan, supaya wêruh kaanan kang gawe kagèt mau.

Barêng wis padhang, Darsinah, bapakne lan êmbokne padha wêruh, manawa klasane kêbak sawêrnane isi wowohan... isi kang dislêmpit-slêmpitake ing ngisor klasa dening Darsinah! Darsinah banjur ngêrti, yèn isi-isi mau kang arêp nyikara awake.

Karo nangis Darsinah banjur saguh marang bapakne lan êmbokne yèn ora manèh-manèh arêp nglakoni kaya sing uwis-uwis, yaiku kêsèd.

Êmbokne banjur enggal waras, saka pangrumate anake wadon lan bapakne anggone nyambutgawe kanthi sênêng, awit anake wadon banjur dadi srêgêping gawe kêna banggokanggo. tuladha bocah wadon liya ing desa kono.

Cuthêl.

--- 116 ---

Critane Antêping Jaka

(Candhake)

Sawise padha sumurup yèn bok sudagar wis ngajal, kabèh padha gêguyuban urun apa kang dadi kaprêluwane lan uga padha katon sêdhih. Sawise mayit karumat rêsik, samono uga piranti wis padha cumawis, kira-kira jam 5 sore padha bêbarêngan anggone ngubur, bab wragad lan liya-liyane kaprêluwan ora ana kang kuciwa, jalaran kyai sudagar mau dhasar wong kajèn keringan tur cukup.

Sawise mayit diopèni sarampunge, tumuli padha bali mulih mênyang omahe kyai sudagar, arêp padha ngrewangi anane ing omah, lan uga arêp nglêlipur atine kyai sudagar saanake supaya bisa lilih susahe.

Kyai sudagar mula iya susah bangêt, apa manèh anake lanang sambate ora lèrèn-lèrèn, lan uga dadi jaganane wong saomah. Ora ngira ora nyana, yèn têkane mau supaya ndêlok patine êmbokne.

Sajrone saminggu kyai sudagar durung bisa nyambutgawe apa-apa jalaran tansah kêdunungan ati sêdhih. Anggone sêdhih mau, ora mung kèlingan bojone bae, nanging wêlas nyang anake lanang kang mung siji thil iku.

Tangga-tangga sauwise bok sudagar ngajal, sanadyan kyai sudagar wis cukup umure lan dawa nalare, nanging mêksa ora kêndhat-kêndhat anggone nglêlipur, awit kuwatir, yèn kyai sudagar nganti lali nindakake pagawean kang ora pantês, mulane ya padha anjaga bangêt.

Sarèhne Sucipta lagi nêmahi kasusahan mangkono, banjur kongkonan bature sowan mênyang dalême R. Sujana pêrlu ngaturake kaanane lan uga nyuwunake pamit saminggu manèh lan muga kêrsaa ngaturi kabar marang gurune si Sucipta.

Anuju sawijining dina, sawise kyai sudagar rada lipur atine, banjur ngundang anake lanang, dituturi mangkene: "Thole, aja tansah dipikir bab patine êmbokmu, awit wis pêsthine lan wis dadi kêrsane sing Kuwasa, saiki mung muji, êmbokmu bisaa olèh dalan kang kêpenak. Ananging ati sêdhih, panlangsa lan liya-liyane kang dadi ora bêcik, iku ilangana kabèh, sawijèkna pikiranmu, karo udinên pasinaon lan pasuwitanmu.''

Sajrone si Sucipta dikandhani bapakne, sakêcap ora mangsuli, mung tansah ngusapi êluhe kang crocosan, kèlingan êmbokne. Dadi pituture bapakne mung disauri tangis bae, nanging uga dirasakake.

Mundhak dina mundhak ilang sêdhihing ati, si Sucipta banjur kèlingan mênyang bêndarane, karo manèh bab anggone sêkolah, wêdi kalah karo kanca-kancane sarta rumasa eman bangêt ninggal nyang pasinaon. Luwih-luwih barêng eling sok dipituturi lan didongèngi bab anane nêgara gêdhe, kang beda bangêt karo kaanan ing kuthane dhewe, rumasa wis ora ana sing ngganduli manèh, saupama arêp lunga ninggal desane dhewe. Niat kang kaya mangkono bapakne ngrujuki bangêt, dadi saiki mung kari ngêntèni tamating sêkolah, jalaran iku kang kêna kanggo gêgaman golèk sandhang pangan, karo manèh dipituturi dening bapakne, wong ing ngalam-donya iku ora mung pinaringan raga, nyawa lan tênaga bae, nanging uga pinaringan rêjêki kang kêna kanggo nyambung umur. Dene gêdhe ciliking rêjêki mau ora kêna pinêsthèkake, miturut nyang anane dhewe-dhewe, luwih-luwih yèn anduwèni dhêdhasar sabar tawêkal, ichtiar, ing kono bisa andadèkake kêpenaking awak.

Pêrkara anggone kèlingan bokne iku kudu diilangna babarpisan, disalini pikiran mangkene: wong mati wis karuwan, ora nyangga apa-apa, balik sing isih bisa ngrasakake ananing jagad kapriye, saupamane tansah ngèlingi wong kang wis ora ana, mangka kudu mangan, nyandhang lan liya-liyane kabutuhaning wong urip, kabèh mau ora bakal têka dhewe, yèn ora sarana digolèki lan manèh nitik ananing jagad sangsaya akèh kaundhakane.

Barêng wis wayahe bali mênyang pasuwitan, ora kanthi dikon dening bapakne, si Sucipta pamitan lan calathu yèn sabisa-bisa arêp ngilangake panlangsane lan arêp ngèstokake anggone sinau lan nyuwita. Bangêt andadèkake sênênging bapakne barêng krungu kandhane anake lanang, yèn arêp ngajokake têmênan bab ananing pasinaon. Saka bungahe kyai sudagar, rèhning anake anduwèni kêkarêpan dhewe lan pangrasa, mungguhing piwalêse wong dibêciki ing wong, niyate bapakne uga arêp ngêtêrake ngiras arêp matur mungguhing bab kaanane dhèwèke kang wis ditêmahi.

Sajrone mlaku ora nganggo nolah-nolih manèh, sabab samubarang kang tinêmu ing sadalan-dalan ora ana kang agawe sênênging ati, pangrasa tansah nyêdhihi, bokmanawa jalaran ngênut mênyang kang ndêlok lan ngingêtake kêpengine kêtêmu karo bêndarane ora ana padhane, mulane lakune tansah dienggalake. Ora antara suwe banjur têkan ing dalême bêndarane.

Sawuse bage-binage lan lêlungguhan sinambi ngombe wedang, kyai sudagar banjur matur bab kaanan ing omahe sing wis ditêmahi, saka wiwitan nganti tumêkaning wêkasan.

Kabèh kandhane kyai sudagar ora ana kang andadèkake gêguyon, nanging tansah dadi marganing ati sêdhih. Radèn Sujana banjur nglêlipur kyai sudagar, ngêndikakake bab anane dadi wong tuwa anggone ngupakara anak, anane wong lakirabi, lan bocah dikawulakake, kabèh mau ditêrangake kanthi cêtha supaya bisa ngrêti têmênan, dadi ora ilang pangandikane. Kabèh mau ora ana kang ora ndadèkake lêganing pamikire kyai sudagar. Paturane kyai sudagar kêjabane matur nuwun uga matur bakal ngèstokake apa kang dadi dhawuh pangandikane.

Ana candhake.

--- 929 ---

Ôngka 60, Rê, Wa: 20 Jumadilawal, Ehe 1868, 28 Juli 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun : Rêdi Mêrapi - Pakaryan ing Dhukuh Batur - Suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I - Kawontênan ing Inggris - Para Pandhu tanah ngriki ingkang dhatêng nagari Walandi - Srimpi ing Karaton - Blilu Tau - Bab Lampahipun Kolinis dhatêng Tanah Sabrang - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita

Rêdi Mêrapi

[Grafik]

Sêsawangan griya ing sukuning rêdi Mêrapi, Sumatra, dipun tingali saking Bukit Tinggi.

--- 930 ---

Kawruh Sawatawis

Pakaryan ing dhukuh Batur

Sambêtipun Kajawèn Nomêr 59

Lamus punika ingkang kadamêl wacucal lêmbu, nanging kêdah wacucal klocopan, sanès wacucaling lêmbu kêletan.

Paprincèn waragad damêl kêjèn, kados ing ngandhap punika: sabên salêburan, ngangge kowi 9 iji, rêgi à f 0.02 ... = f 0.18

Waja 2 dhacin, rêgi à f 0.90 …….. = f 1.80

Arêng 5½ dhacin, rêgi à f 0.60 …. = f 3.30

Tapêl, 180 …………………….…... = f 0.21

Kuli 2 à f 0.35 …………………….. = f 0.70

________

gunggung ………………………... = f 6.19

dadosipun kêjèn agêng 180 à f 0.04 ... = f 7.20

________

Bathinipun namung ……………. = f 1.01

Pêpetangan waragad samantên wau sampun kagolong irid.

Ing taun 1918, ing dhukuh Têgalsari ingkang têpang watês kalihan dhukuh Batur, saha ugi tunggil padamêlan, wontên sawênèhing tiyang ingkang sagêd gadhah rekadaya damêl pirantos alit-alit kabêtahanipun pabrik rosan, pabrik sêrat, pabrik panggilingan pantun, tuwin sanès-sanèsipun, ingkang aslinipun waja, kuningan, bangsaning timbêl, tuwin alimunium, patraping pandamêl ugi kados damêl kêjèn. Rekadaya makatên wau lajêng sumêbar dipun tiru dening tiyang ing Batur, padaganganipun saya wiyar têbanipun, sagêd angsal langganan saking pabrik, toko, tuwin sanèsipun. Wiyaring têbanipun ngantos dumugi ing Banyumas, Cirêbon, mangetan dumugi talatah Banyuwangi, bêbathènipun ugi botên sakêdhik, sagêd tikêl tiga kalihan pawitanipun, kapara langkung. Dene manawi angsal wêlingan ingkang sawatawis agêng, ingkang botên nyêkapi manawi dipun atindakakên mawi bonggoling pisang, patrapipun lajêng dipun cithak wontên ing siti, patrap makatên wau malah nyuda waragad. Wiwit kala samantên cacahing tobong panglêburan lajêng mindhak, nanging dumuginipun sapunika sampun suda, kantun wontên tobong 8.

Ing sarèhning pakaryan wau madêg piyambak-piyambak, saha botên ngudi karukunan, tumindaking panyade lajêng jor-joran mirah, wêkasan dumugi wêkdal punika kajawi suda tampinipun wêlingan jalaran tutupipun pabrik-pabrik, bêbathènipun ugi lajêng botên wontên. Mirid kaprigêlanipun tiyang ing ngriku, ingkang sampun dipun anggêp saha dipun ajêngi dening pabrik-pabrik, toko tuwin sanès-sanèsipun, ingkang adatipun mêling dhatêng Eropah, lajêng sagêd dipun tindakakên dening tiyang ing Batur. Môngka sapunika nama risak karukunanipun, amila parentah lajêng manggalih nuntun dhatêng karukunan tuwin ajênging padaganganipun. Ewadene wohipun dèrèng nglêgakakên.

Mar, Ngawôngga, K.No. 4052

--- 931 ---

Suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I

Pêparab lan dêdongènganipun.

Ing sadèrèngipun ngandharakên suraosing irah-irahan ing nginggil punika, prêlu nêrangakên rumiyin, awit saking namaning paguyuban ananggapi centhangan (nut) rêdhaksi ing Kajawèn nomêr 44: taun punika.

Suraosing centhangan wau namung kaot sakêdhik kalihan ingkang sampun-sampun, têrangipun makatên:

Ha: Rumiyin warga punika kaperang dados tigang golongan: warga limrah, warga mulya sarta warga darma. Warga darma punika kangge tiyang sajawining darah sarta bêbadan sanèsipun, sarta botên ambedakakên bangsanipun, sadhengah bôngsa sagêd malêbêt sarta sagêd katampi dados warganing paguyuban darah tus Pajang wontên ing golongan warga darma punika. (Mirsanana Kajawèn 44).

Na: Mirid suraosing centhangan: rêdhaksi paring pamrayogi supados tiyang sanès sagêd malêbêt dados warganing paguyuban botên namung dados warga darma kemawon, nanging sagêd dados warga limrah sarta warga mulya, kados para darahipun, kanthi botên kabedak-bedakakên.

Usul punika salajêngipun kula lantarakên dhatêng pangrèh agêng, supados dados panggalihan. Nalika dintên Minggu Kliwon tanggal ping 4 Juli 1937 pakêmpalan damêl rêpat pangrèh, kajawi ngrêmbag sanès-sanèsipun, ugi ngrêmbag usulipun rêdhaksi kajawèn wau. Kanthi cêkak kula kabarakên: usul wau katampi, dene sahipun badhe kaputus wontên parêpatan warga benjing 8 Agustus 1937. Pangrèh ngaturakên gênging panuwun dhatêng rêdhaksi kajawèn, dene sampun karsa sarta cawe-cawe dhatêng adêging paguyuban darah tus Pajang. Dados wiwit ing sapunika, sintêna kemawon lan sadhengah bôngsa, sagêd dados warganing paguyuban, sanajan botên wontên sêsambêtanipun waris utawi darah.

Samangke kaparênga ngrêmbag pêparabipun ingkang suwargi, sarèhning pêparabipun punika kathah, mekani sêling-sêrêping panampi, kamanah prêlu pangrèh anggênahakên prakawis punika, kenginga kangge ular-ular. Namung manawi wontên ingkang kagungan panggalih sanès, mugi kaparênga maringi sêrat dhatêng pakêmpalan, sampun ngantos kadhapur pabên. Pamanggih ingkang badhe kula aturakên ing ngriki punika sêsêrêpan saking pangudinipun pèrês kumisi, ingkang sampun dipun rujuki kalihan pangrèh agêng.

1. Pêparab Tus Pajang

Wontênipun pêparab makatên asli saking pangandika dalêm Sahandhap Sampeyan Dalêm P.B.III nalika taksih jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom. Amargi miturut salasilah, ingkang suwargi punika turun Sinuhun ing Pajang pancêr kakung, dados saking panggalih dalêm kagalih kandêl ka-Pajanganipun, lan mèmpêr yèn taksiha kasèrènan kasêktèn sarta kalangkungan kados ingkang nurasakên.

--- 932 ---

2. Pêparab Tu-(tu)s Kajang

Asli paraban saking Kangjêng Ratu Kancanawungu, pramèswari dalêm Ingkang Sinuhun P.B. III, jaman Kangjêng Ratu Bêruk. Awit ing sadangunipun Ingkang Sinuhun P.B. III wuru ing asmara dhatêng Kangjêng Ratu Bêruk, ingkang suwargi punika inggih dados utas-utusan sinandi sêsambêtan dalêm kalihan kêkasih dalêm. Lêkasipun ingkang suwargi punika kawadaka ing Kangjêng Ratu Kancanawungu, satunggiling putri ingkang kêras panggalihipun. Saking sangêting pamuringipun, sampuna ingkang suwargi punika andhêlik, masthi ngraosakên dêduka dalêm Kangjêng Ratu Kancanawungu. Awit saking mungêd-mungêdipun, botên karsa ngandika tus Pajang, nanging tutus kajang.

3. Pêparab Pasiyun

Pêparab punika asli saking Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun P.B.II. Wontênipun dipun parabi makatên, saking samukawisipun ngêplêki ingkang rama, Radèn Tumênggung Arya Padmanagara, ingkang asmanipun timur Radèn Bagus Maryunani. Dados pasiyun, kajêngipun pas karo Si Maryunani.

4. Pêparab Kyai Ngabèi Pasliyun

Yèn wontên prêlu dalêm dhatêng tuwan oprup (Opperhoofd) ingkang kautus suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I, makatên ugi kosokwangsulipun yèn tuwan oprup gadhah prêlu dhatêng kraton, ingkang minôngka lantaran inggih ingkang suwargi punika.

Dening tuwan oprup, jaman Ingkang Sinuhun P.B. II, dipun parabi Kyai Ngabèi Pasliyun. Têrangipun makatên:

I. Ing jaman Pakêpung, inggih punika jaman: Bahman, Nur Salèh sarta Tumênggung Wiradigda, guru dalêm ingkang lajêng kakendhangakên, awit nuwuhakên rêtuning praja, darêdahipun parentah Walandi lan karaton. Ing jaman Pakêpung punika awit saking kaprigêlanipun ingkang suwargi, darêdahing Walandi lan kraton sagêd sirêp sarana aris. Ing dalêm ura-uru punika ingkang suwargi katitik têtêp ing sêpuhipun, sêpuhing yuswa lan sêpuhing panggalihanipun, sagêd marangkani bêtahipun Walandi lan prêluning kraton, ngantos manggih karahayon. Punika dipun parabi: Kyai Ngabèi.

II. Awit saking dados ajidan dalêm sarta dados kèngkènanipun tuwan oprup, ingkang suwargi kaparaban Pasliyun, ingkang têgêsipun tukang kengkenan utawi palayangan.

[Grafik]

Cungkup pasareyanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Pêngging.

Pasliyun wau aslinipun saking têmbung Walandi Postiljon

--- 933 ---

saking têmbung Fransch: Postillon têgêsipun: postvoerman, postbode utawi postrijder, ingkang cara Jawinipun juru kengkenan utawi palayangan.

Jaman oprup punika suwakipun nalika Sinuhun P.B. IV akir, môngka ingkang suwargi mênangi 15 taun. Dados salêbêtipun tuwan oprup: Kupman Barjan pan Newe, utawi Pan Dhên Bèrêh (kasêbut ing sêrat Catur Manggala).

Têmbung Pajang punika mèh dados pêparab turunipun ingkang suwargi.

1. Putra: Radèn Tumênggung Sastranagara (Yasadipuran II) nalika taksih pangkat jajar carik kadipatèn anom, asma: Pajang Wasistha.

2. Wayah: Radèn Ngabèi Rônggawarsita II ingkang sumare ing luwar Batang Batawi, nalika dados carik kadipatèn, asma: Pajang Swara, katêlah: Panjangswara, saking saening swara lan landhung napasipun.

3. Buyut: Radèn Ngabèi Rônggawarsita III pujôngga, sumare ing Palar, nalika dados carik kadipatèn anom, asma: Pajang Anom.

[Iklan]

R: Sasrasumarta

Waosan Enggal ing Kajawèn

Ngaturi uninga, waosan: Saribang sampun mèh tamat. Kados para maos lajêng sagêd manggalih dhatêng sêngsêming waosan: Saribang wau.

Ing satamatipun waosan: Saribang, badhe santun waosan ingkang kalangkung nêngsêmakên, inggih punika waosan: jaman Ruslan kabawah Prabu Wladimir.

Cariyos wau sêngsêmipun sairib cariyos Jawi, taksih wontên kaelokan-kaelokan tuwin dhapukaning cariyos ugi angiribi. Ewasamantên pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, kapitadosan ingkang kados makatên punika botên dipun wigatosakên, namung sêngsêming cariyos ingkang têtêp botên ewah.

Ing pangajêng-ajêng mugi waosan enggal wau andadosna karênanipun para maos.

--- 934 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Inggris

Pinanggihipun wontên ing wêkdal punika, tumrapipun Inggris langkung migatosakên dhatêng wontênipun paprangan ing Sêpanyol, amargi tansah kagêpok ing bab punika.

Mirid wawasanipun Inggris, supados paprangan ing Sêpanyol punika dipun anggêpa kados paprangan yêktos ingkang tuwuh saking tiyang sanès, inggih punika pêranging nagari kêkalih, dados botên dipun anggêp bilih punika namung paprangan pasulayaning sadhèrèk. Amargi manawi dipun têtêpakên makatên, tumrap nagari sanès lajêng botên kenging ilon-ilonên. Nanging ugi wontên kuwatosipun sakêdhik, manawi kalampahan makatên têmtu badhe kathah prajurit manasuka ingkang malêbêt dhatêng Sêpanyol.

Pamawasipun Inggris ingkang makatên wau mêngku kajêmbaran ingkang sarwa wigatos, tumrap panganggêp têtêping paprangan, punika kangge anjagi murih têtêp adêging nagari ingkang sapunika sampun katingal anggènipun sami ngêmori damêl. Nanging tumraping prajurit manasuka botên kenging dipun pambêngi lêbêtipun. Môngka salugunipun, prajurit manasuka punika ugi atêgês awak-awakaning nagari. Mila tumrapipun Inggris botên kêndhat anggènipun tumindak anjagi tata têntrêming sadayanipun.

Kados ingkang sampun kalampahan, Jêrman tuwin Itali sasampunipun mêdal saking golongan anjagi tata têntrêm, malah lajêng katingal anggèning nindakakên damêl wontên ing sagantên têngah, inggih punika kangge ngayomi layaran ing ngriku, sampun ngantos kenging panggodhanipun golongan abrit saking Valencia. Nanging pinanggihipun wontên ing ngriku, katingal wontên wadya mardika minggah ing Malaga, nanging tumraping Jêrman pratela bilih inggahing wadya wau badhe prêlu kangge anjagi gêgayutanipun kalihan Tsjecho Slovakije.

Katrangan ingkang kados makatên punika sayêktosipun tumraping Inggris dèrèng damêl marêm, malah ugi nguwatosakên, saupami sêdya wau manjing kasujananipun Jêrman ingkang tumuju dhatêng Tsjecho Slovakije, ugi malah langkung nyamarakên, botên sande badhe nuwuhakên ontran-ontran ingkang sakalangkung rame. Mila bab punika lajêng dados wawasan sakalangkung mindêng.

Ing ngriku Inggris lajêng ngawontênakên usul ingkang ngengingi pundi-pundi, inggih punika :

1. Supados para nagari ingkang gêgayutan paprangan ing Sêpanyol sami anocogi dhatêng ancas anggènipun botên angêmori damêl babagan salêbêting nagari Sêpanyol, tuwin angundurna wadya manasuka ngamônca saking wêwêngkon Sêpanyol.

2. Supados Jêrman dados warga Polkênbon malih, sampun ngantos namung badhe mêncil piyambak [piyamba...]

--- 935 ---

[...k] ing babagan pulitik punapadene ekonomi.

3. Adamêl prajanjian botên têmpuh-tinêmpuh tumrap Jêrman kalihan tôngga têpalih nagari ing Eropah sisih kilèn, tuwin migatosakên dhatêng wontêning wadya gêgana. Tuwin,

4. Ngawontênakên parêpatan nagari pundi-pundi babagan ekonomi kangge andandosi padagangan ing donya, tuwin nyingkirakên sabab-sabab ingkang nuwuhakên risaking ekonomi.

Rêmbag usulipun Inggris ingkang kados makatên punika badhe jêmbar sangêt pikantukipun, awit kajêngipun namung ngudi dhatêng katêntrêman. Dene cara ingkang tumindak ing sapunika, Inggris têtêp ngawontênakên kapal-kapal pajagèn tumrap lampah layaran ing Sêpanyol. Kapal ingkang labuh ing palabuhan Sêpanyol kêdah nglapurakên punapa bêbêktanipun.

Kajawi punika kawontênakên tatanan ingkang amrih ngadilipun tumrap ingkang sami paprangan. Usul ingkang katumrapakên dhatêng ingkang sami paprangan: supados pratelaning barang-barang ingkang dipun anggêp pêtêng, samia kadosdene barang-barang ingkang dados awisaning kumisi nagari momoran, tuwin kaping kalihipun, kapal-kapal ingkang mawi bandera paniti tuwin bandera ing kapal pambantu, linêpatakên ing panguwaosipun ingkang sami pêpêrangan, kadosdene lampahing kapal-kapal ing pasisir Sêpanyol ingkang botên tumuju dhatêng palabuhan-palabuhan ing Sêpanyol.

Makatên malih sawarnining kapal ingkang mawi tôndha bandera utawi botên, pundi ingkang narajang awisan, upaminipun ambêkta wadyabala utawi suka tôndha dhatêng golongan militèr, tuwin sanès-sanèsipun, dipun lokakên ing sadosanipun.

Kados makatên kawontênanipun Inggris kalihan gêgayutaning paprangan ing Sêpanyol.

Sêsorah ing Radhio Saking Bale Pustaka

Benjing dintên Ngahad sontên, tanggal 1 Ogustus 1937, wanci ½8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Panji Narawôngsa. Ingkang mêdhar sabda tuwan Suwignya.

[Iklan]

--- [936] ---

Para Pandhu ing Tanah Ngriki Ingkang Dhatêng Nagari Walandi

[Grafik]

Ingkang kacêtha ing gambar punika, lampahing para pandhu saking tanah ngriki ingkang badhe tumut jambore wontên ing nagari Walandi, nalika wontên salêbêting kapal. Dene sapunika para pandhu wau sampun dumugi nagari Walandi, saha sampun kalampahan anjênêngi jambore. Dhawah ing dintên têmpuking damêl wau pinanggih sakalangkung rame.

Gambar têngên ingkang nginggil piyambak, para pandhu nalika urmat inggahing bandera.

Têngah, para pandhu sami main catur wontên ing kapal. Ing ngriku katingal anggèning sami ulah èngêtan.

Ngandhap piyambak, para pandhu sami main musik cara Ambon.

Sisih kiwa, pandhu kêkalih nalika sami wontên papan patilêman ing salêbêting kapal. Ing ngriki cêtha wujuding gêgambaranipun tiyang wontên ing sabaparan.

--- 937 ---

Srimpi ing Kadhaton

[Grafik]

Ingkang dipun wastani srimpi, punika pinanggihipun wontên ing jaman rumiyin, taksih awis tiyang ingkang sumêrêp, awit srimpi punika dados lêlangên dalêm nata ingkang namung dipun gêbyagakên wontên ing salêkêtingsalêbêting. kadhaton, kajawi punika ugi asring kagêbyagakên wontên sajawining kadhaton, inggih punika wontên ing loji. Ingkang dipun wastani loji punika ing dalêm karesidhèlên,karesidhenan. sapunikanipun ing gupêrnuran. Dene wêdaling lêlangên wau anyarêngi manawi panjênêngan nata têdhak maratamu dhatêng loji wau, manawi nuju taun raja tuwin sanèsipun, ingkang umumipun dipun wastani: têdhak loji. Sanèsipun punika awis sangêt kalangênan dalêm srimpi punika mêdal ing jawi.

[Grafik]

Nanging pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, ingkang dipun wastani srimpi wau sampun sumêbar dipun sumêrêpi ing ngakathah, dening kêrêp kawrat wontên ing gambar-gambar, namung wujudipun beda kalihan ingkang dipun wastani kados ing jaman kina wau. Malah

--- 938 ---

kêtêlahipun wontên ing Jawi, bêksa tuwin tatanan ingkang sairib makatên, lajêng dipun wastani srimpi, dados ugi lajêng lèrèg ingkang sumrambah wau kagunan ing bab bêksanipun, inggih punika bêksa wanita.

Bêksa wanita wau ing sapunika sampun sumrambah tuwin dipun anggêp satunggiling kagunan linangkung dening bôngsa ngamônca, mila kathah para wanita ngamônca ingkang sami nyinau bêksa wau, saha ing sapunika ugi sampun tumular dumugi Eropah, Amerikah tuwin sanès-sanèsipun.

Ingkang kacêtha ing gambar punika, nginggil, srimpi ingkang kagêbyagakên ing kadhaton amarêngi nalika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sowan dhatêng kadhaton, prêlu nyuwunakên ngabêkti putra ingkang badhe kaparingan sêsêbutan arya saha putra ingkang badhe supit. Gambar satunggalipun, ugi para ingkang sami bêksa Srimpi, mangangge gagrag sanès. Ing ngriki prêlu kapratelakakên, gambar saking sisih kiwa, punika Nyonyah Domis, tuwin Nyonyah Renijker, guru kagungan dalêm sêkolahan Pamardi Putri.

Blilu Tau

Anggitane: Wirya Wiharja, sambêtipun Kajawèn nomêr 58.

[Kinanthi]

Cêkake Si Wana tulus / dikukup kaki undhagi / ora olèh lunga-lunga / yèn atine durung lilih / besuk yèn wis têntrêm gampang / saupama arêp mulih //

Si Wana manut miturut / ing batine bangêt wêdi / nadyan wis dirêngkuh kadang / isih têtêp angajèni / rumasa wis kêpotangan / batin nêdya malês bêcik //

tansah sêtya lan mituhu / ora mogok diprentahi / sabên ana pagawean / enggal anggone nandangi / ora tau ngadhuh ngêsah / abot ènthèng dilakoni //

pagaweane sing têmtu / dhudhuh macul bêsik-bêsik / kala-kala milu nukang / nanging mung ngrewang-rewangi / ngiras karo ajar-ajar / jare bèn kulina dhisik //

brêkah tabêrine iku / sadhela bae wis ngrêti / marang lakune nênukang / mundhake saka sathithik / yèn lurahe anggêgarap / Si Wana milu nandangi

sakawit nganggo dituntun / sarta diawat-awati / manawa ana sing salah / trêkadhang sok disrêngêni / nanging Wana malah bungah / rumasa isih dipikir //

êlêt sawatara taun / Si Wanajaya wis ngrêti / ngrêtine ngrêti têmênan / kêna disêbut undhagi / banjur wiwit ngupajiwa / sing bisa ngêtokke asil //

19. Durung bisa kumpul

barang gawe dipikira dhisik / iku kanggo waton / yèn wis maton lagi ditindakke ...

Mijil

Wanajaya wiwit ing saiki / pulih dadi uwong / lire uwis bisa madêg dhewe / saya suwe sangsaya kêsait / marga ngati-ati / dhêmên akêklumpuk //

nganti bisa yasa omah bêcik / ganêp dalah prabot / barêng ngrasa wis mapan uripe / banjur eling marang anak rabi / arêp diboyongi / karbèn bisa kumpul //

Badhe kasambêtan.

--- 939 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab lampahipun kaum kolonis dhatêng tanah sabrang

I.

Garèng : Wèh Truk, nèk nitik katêranganamu sing ngalur-alur kuwi mau, sajake kok: kêmripik kaya krupuk mêngkono. Ing sarèhne jarene kowe mêntas niliki kaanane ing kolonisasi-kolonisasi, iya ing Lubuklingga, apadene ing Lampung, mêsthine kowe rak bisa andongèngake kaanane kaum kolonis, ana ing dalan nganti tumêkane ing kana pisan, apa dikêni-kêni, apa diladaki.

Petruk : Aku iki ngêtutake nganti têkan ing panggonane pisan, Kang Garèng, yaiku saka Tanjung Priuk tumêkane ing tanah kolonisasi ing Lubuklingga, dadi anêksèni nganggo mripatku dhewe, ora nyilih mripate wong liya. Sasumurupku, tansah jinaga kanthi têmênan kae, Kang Garèng.

Garèng : Iki bisa uga ana sabalsabab. rong prakara, Truk, kang kapisan, sabab wong-wong mau dibutuhake têmênan, mulane iya dikêni-kêni bangêt, kang kapindhone, yèn ora dijaga bêcik-bêcik, mêngko gèk kowe... andalêming nyang ngêndi-êndi.

Petruk : Rong prakara kang kok kêdumêlake mau, kaliru kabèh, Kang Garèng. Kang kapisan: kana ora butuh karo wong-wong mau. Kaya sing wis tak kandhakake bolak-balik, balik-bolak, nagara kagungan ada-ada ambukak lêmah anyar kanggo kolonisasi, kuwi krêsane arêp paring dalan marang bôngsa Jawa, kang wis kaslêpêg uripe ana ing tanahe dhewe, jalaran saka kakehan wong, nganti ora duwe apa-apa, kajaba paribasane mung: kathok thok, supaya ana ing kana bisa olèh panguripan kang lumayan. Ing sarèhne wis karsa paring dalan, banjur dikumplitake, wong-wong mau sabisa-bisa iya kudu tansah dijaga ing kaslamêtane, sabisa-bisa iya aja nganti ana wong têkan ing kana mung kèri ... ngumbah bae upamane. Dene mungguhing aku, wong liya ora prêlu rikuh-rikuh, sabab yèn aku iki, sanadyan rada mambu-mambu jurnalis, nanging jurnalis ... tutut.

Garèng : Haiya sukur, nèk rumasamu mêngkono, saiki wiwitana carita kêpriye lakune kaum kolonis ana ing sadalan-dalane.

Petruk : Anggonku anêksèni dhewe, munggah ing kapal ana ing Tanjung Priuk, Kang Garèng, ing kala samono aku karo kaum kolonis sajake tunggal sèh, Kang Garèng. Sing tak arani tunggal sèh iki, mangkene: tumrape kaum kolonis, nunggang kapal kang lagi sapisan-sapisane, tumrape awak inyong ... idhêm, alias, sami mamawon.

Garèng : Wèh, ing sarèhne nunggang kapal kang kapisane, mêsthine iya pênting, mara, ambok iya caritakna, rasane nyang ati kêpriye kuwi.

--- 940 ---

Petruk : Wah, Kang Garèng, rasane atiku: sir, sir, ngono kae, luwih manèh sabab adhimu Makne Kamprèt anjujugake têkan ing kapal. Atiku krasa: sir, kaping pindho, sabab, sir: kang kapisan aku kapêksa kudu pisah karo Makne Kamprèt, ing môngka lawase nganti kurang luwih sangang dina, mulane ana ing ngarêpe Makne Kamprèt, lambeku iya juwewak-juwèwèk mung kèri ngoronge bae. Lho, samono rasane wong arêp pisah bojo. Nanging kapriye manèh, samono abote wong arêp anglakoni ayahaning nagara.

Garèng : Kuwi wis dadi watake wong lanang, anggêre karêp pisahan karo bojone, ana ngarêpe sing wadon iya disusah-susahake, digawe mêmbik-mêmbik, bokmanawa nganggo disaranani ngangluh mangkene barang: O, alah, bune têka samene abot ta wong golèk pangan, kudu kapêksa pisah karo bojone. Nèk sajêrone aku lunga iki, kowe nganti kêpriye-kêpriye, gèk sapa sing arêp kosambati, sapa sing arêp mulasara lan ngopèni kowe, mulane sing mantêp nênuwunmu marang ingkang kuwasa, supaya karo-karone, iya kowe utawa aku, sajêrone padha pêpisahan iki, pinaringan slamêt ora kurang siji apa. Nanging bojone lagi mungkur bae, wis: ha - ha - hak, ha- ha - hak, solo, loso, dadi jaka manèh, aku, sèh, bisah sêsukak-sukaknyah ...

Petruk : Haiya, wong ngukur klambi kuwi iya mêsthi karo badane dhewe. Nèk aku ora pisan-pisan anduwèni pikiran kang mangkono kuwi, sing dadi pikiranaku, ngêmungake mangkene: ladalah, pakansi sangang dina. Dene: sir, kang kaping pindho, aku iki salawase urip durung tau nunggang kapal, ora wurung iya mêsthi didhayohi mas lara: mabuk laut. Luwih-luwih barêng krungu suwara ing êdhèg, papane para kaum kolonis, mangkene: ho - wèk, ho - wèk, ha - ha - hak, hi - hik. Ing wêtêngku andadak pating pênjêput lan pating kruntêl, ...

[Grafik]

Garèng : Mêngko sik, Truk, kuwi suwara apa, kathik pating: howèk, pating: hahak, hihik.

Petruk : Sing howèk-howèk, kuwi wong-wong sing padha karawuhan mas lara mabuk laut, dene sing: hahak, hihik, kuwi suwarane wong-wong sing padha tahan marang panggodha gawene ombaking sagara.

Garèng : Omongmu iki kok rada ngayêm-ayêmi atiku, Truk, sabab ing kono aku banjur bisa duwe gagasan: wong-wong kaum kolonis kuwi sêmune ora padha cilik atine, [ati...]

--- 941 ---

[...ne,] nanging malah kosokbaline, ingatase lagi sapisan-sapisane nunggang kapal, ingatase arêp lunga adoh lan ora mêruhi kaanane papan sing bakal dijujug, lan ingatase ana kancane sing padha mabuk laut, kok isih padha gêguyon, padha sênêng-sênêng. Lho, iki rak nandhakake, yèn padha gêdhe atine, padha gêmbira, padha sênêng atine, awit mêsthine wong-wong mau padha anduwèni pangarêp-arêp kang bêcik, pangarêp-arêp bakal olèh panguripan kang luwih bêcik katimbang yèn têrus ana ing desane dhewe.

Petruk : Pancèn iya nyata, Kang Garèng, sêmune padha gêdhe atine kabèh, nganti sawêngi mataku mung: kêlang-kêlong, ora bisa ngliyêb babarpisan, sabab saka kêbrêbêgên anggone kaum kolonis padha anglairake gêdhening atine. Awit barêng wis rada bêngi banjur padha glenggengan maca.

Garèng : Hla wong kowe kuwi ngèlmumu wis angliyêr ngèlmune mênir Wèllêm babarpisan, mulane ngrungu wong maca iya banjur ora bisa turu, seje karo aku, wong rasane isih Jawa tulèn, anggêr ngrungokake wong maca, matane iya andadak: lêr-lêran bae.

Petruk : Ngandêl aku, Kang Garèng, anggêre macane bae aja cara kaum kolonis kuwi mau, saka anggone arêp anglairake gêdhening atine mau, kabèh-kabèh banjur arêp maca arêp nêmbang lan ura-ura, mulane sing krungu ana ing kuping, iya banjur: dhangdhanggula, pangkur, kinanthi, pocung kêthoprak, dicampur dadi siji, isih nganggo dibumboni suwara: howèk, howèk - suwarane wong mabuk laut, lan ngowèk, ngowèk - suwarane bayi nangis, mara, apa iki ora ngluwihi suwaraning cèmbèng.

Garèng : Sukur, ta, sukur, idhêp-idhêp kowe mrihatinake sing kèri nyang ngomah. Wis, saiki banjurna caritamu, pangkate saka Tanjung Priuk jam pira, lan tumêkane ing palabuhan ing Sumatra jam pira.

Petruk : Pangkate saka Tanjung Priuk, jam lima sore, dene têkane ing palabuhan ing Sumatra, yaiku ing: Oshapên, ing Lampung, jam pitu esuk.

Garèng : Wèh, nèk mêngkono iya ora suwe, dadi mung sawêngi ambathêthêt, dilanjari kurang luwih rong jaman. Banjur, sajêrone ana ing kapal, mangane kaum kolonis apa ora kapiran.

Petruk : Ora babarpisan, Kang Garèng, malah kêna diarani pangane rada kêdlodokkên. Awit sorene ana ing kapal padha dicadhong sêga, lawuhe êndhog asin, sarta jangan, esuk uput-uput iya wis dicadhong manèh kanggo sarapane, bab pangane, cêkake: mlênthi, Kang Garèng.

Pawartos Saking Redhaksi

Lêngganan No. 3144. Babad Giyanti satamatipun, wêdalan Bale Pustaka, kintên-kintên badhe dados 20 jilid. Jilid 6 wiwit nyariyosakên jumênêngipun nata Pangeran Mangkubumi. Dados manawi badhe ngarsakakên mundhut ingkang lajêng sambêt kalihan kagungan panjênêngan, prayogi kula aturi mundhut wiwit jilid 7 salajêngipun. Ananging samangke ingkang sampun mêdal sawêg dumugi jilid 3.

--- 942 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

[Grafik]

Tuwan M.J. Uytermerk. Inginggil punika ngêwrat gambaripun tuwan M.J. Uytermerk, marconist ing kapal Van der Wijck ingkang tiwas kala kèrêming kapal kanthi sêtya angrungkêpi wajibipun.

Tindak nikah sêsarêngan. Pakêmpalan Kuo Ju Hui ing Sêmarang, arekadaya supados kawontênakên tindak nikah sêsarêngan kados ing Tiongkok, saha ingkang ugi sampun katindakakên ing Palembang, amargi tindak makatên wau sagêd irid. Ing bab punika ugi sampun kawontênakên parêpatan, nanging dèrèng wontên karampunganipun. Malah rancanganipun, sanadyan sanès warga ugi kenging nyarêngi samangsa nuju wontên ingkang nikahan.

Bab panyadean sarêm. Miturut katrangan saking Pakaryan Sarêm, bab panyadening sarêm cithakan alit, nyaêsèn tuwin nyatêngah sèn, laris sangêt, botên kandhêg dening anggèning dipun alang-alangi ing bakul.

Pasar Malêm ing Têgal. Ing taun punika Pasar Malêm Chung Hua ingkang kaping 5 ing Têgal, badhe kadhawahakên wontên ing tanggal 25 Sèptèmbêr dumugi tanggal 10 October. Ing rancangan, Pasar Malêm punika badhe kadamêl langkung agêng tinimbang padatan.

Siswa ingkang nêmpuh pandadaran H.B.S. Pinanggihipun para siswa ingkang nêmpuh pandadaran H.B.S., ing satanah ngriki sadaya wontên 2289, ingkang katampèn 1636, langkung kathah tinimbang taun kêpêngkêr.

Nationale Handelsschool ing Ngayogya. Adêging Nationale Handelsschool ing Ngayogya sampun 5 taun, saking ada-adanipun Dr. Samsi tuwin kanca-kancanipun. Ing sapunika muridipun sampun wontên 120. Ingkang katampi malêbêt ingriku punika lare wêdalan saking H.I.S., H.C.S., Schakelschool utawi ingkang kasamèkakên. Ingkang dados sêsêpuhipun pamulangan wau Mr. R. Soejoedi, R. Roedjito tuwin Dr. Samsi.

Electro-Technisch Ingenieur. Tuwan Ashar Soetedjo Moenandar, tuwin tuwan Salijo, sami lulus saking pamulangan Electro-Technisch ing Delft, kanthi sêsêbutan Ir.

H.B.S. kasuwun wontên Magêlang. Wontên wartos, Burgemeester ing Magêlang gadhah atur dhatêng Dêpartêmèn Pangajaran, supados adêging H.B.S. utawi Lyceum kaparêngna manggèn ing Magêlang, botên wontên Ngayogya.

Mèngêti adêging G.H.S. Benjing tanggal 16 Augustus ngajêng punika, Pamulangan luhur Dokter ing Bêtawi badhe mèngêti adêgipun sampun 10 taun, manggèn wontên ing gêdhong Pamulangan luhur Dokter (G.H.S.).

Panèn kêdhêle ing Nganjuk. Rumiyin kawartosakên tanêman kêdhêle ing bawah Nganjuk katrajang ama tikus, ing sapunika sampun panèn, risakipun pinanggih botên sapintêna. Pêpajênganipun sadhacin f 3.20 ing taun kêpêngkêr namung f 2.40.

Pêjah nglalu jalaran damêl arta palsu. Ing Banjaran, Têgal, mêntas wontên bangsa Tionghoa nama K.H.I. dipun cêpêng ing pulisi jalaran kadakwa damêl arta palsu. Nanging nalika bangsa Tionghoa wau dipun cêpêng, lajêng ambruk têrus ngajal. Sarêng kapriksa pinanggih titikipun bilih jalaran ngombe potas ing sadèrèngipun. Salajêngipun pulisi sagêd manggihakên bukti barang pirantos damêl arta tuwin arta talèn tuwin kêthip palsu kathah.

Pakêmpalan Candi. Para siswa ing pamulangan dokter ing Bêtawi tuwin Surabaya ngêdêgakên pakêmpalan enggal nama "Candi". Ancasing pakêmpalan wau badhe ngudi sêsêrêpan warni-warni ingkang botên gêgayutan politiek.

Badhe nyuwak prajurit marsose. Ing wêkdal punika Parentah sawêg manggalih badhe suwaking prajurit marsose saking anggèning nindakakên padamêlan pulisi. Nanging tindak wau tamtu badhe dangu kalampahanipun, awit kêdah mulang rumiyin dhatêng golongan pulisi dhatêng padamêlan marsose.

Tèh ing tanah ngriki. Miturut wartos, ing salêbêtipun satêngah taun punika, tèh ing tanah ngriki ingkang kakintunakên dhatêng tanah ngamanca langkung saking rêrêgèn 1½ yuta rupiyah, tinimbang pêpajêngan ing taun 1936 pêpetangan kados makatên. Pêpetanganipun ing sapunika ingkang sampun kakintunakên rêrêgèn 18½ yuta, ing taun 1936 ing dalêm nêm wulan, wontên 16¾ yuta. Ingkang mêndhêt langkung kathah, nagari Australie.

Pandadaran Notaris. Pandadaran Notaris ing wêkdal punika ingkang perangan kapisan ingkang nêmpuh 17, lulus 5. Tumrap Surabaya ingkang lulus tuwan Roeske. Tumrap perangan kalih wontên 7, ingkang 2 kêdah nêmpuh malih, ingkang lulus, nonah F.H. Holmus, saking Sêmarang, Mr. A. Eichholtz, saking Surabaya, R. Soegijanto saking Mr. Cornelis, tuwan F.W. de la Rambelje, saking Bêtawi tuwin nonah A. Watters saking Bêtawi.

Babagan Narapraja. Pakaryan Wana. Tuwan S. Roesiat Mangunwigata, boscharchitect klas 1 ing Walikukun, kasandèkakên anggèning kabantokakên dhatêng Boschbeheerder ing Kêdungjati. Tuwan Soebijani Darmohatmodjo boschopzichter ingkang miji, katunggilakên ing boschbeheerder ing Walikukun.

--- 943 ---

S.S. Tuwan Rachmat Hirman Tjokroatmodjo, maandgelder ing opleiding tumrap opzichter, katêtêpakên manggèn ing exploitatie Oosterlijnen.

Mardibasa. Miturut wartos, golonganing abdidalêm Kasultanan ing Ngayogya ngadani pakêmpalan babagan basa, nama "Mardibasa".

Ewah-ewahan balanja ing Kasultanan Ngayogya. Miturut wartos, awit saking kaparêngdalêm Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, para abdidalêm ingkang ingajêng balanjanipun kasuda 5%, ing sapunika kasuwak, nanging namung tumrap ingkang balanja f 300.- mangandhap. Tumindakipun wiwit wontên ing wulan Juli 1937.

Examen Apothekers-assistent. Ingkang lulus examen apothekers-assistent ing Bêtawi ing wêkdal punika: Tuwan Abdoel Moefti saking Bêtawi, nonah Ainsjah Loebis saking Fort de Kock, tuwan Dahler, saking Bêtawi, tuwan Gan Tek Tjaij saking Cirêbon, nonah F.E. Gramberg, saking Surabaya, nonah Han Iet Nio, saking Malang, tuwan Loa Swan Bie, saking Malang, tuwan Langgabean Farel, saking Bêtawi, nonah G.E. Poetiray, saking Surabaya, tuwan T. Sittrop Jr., saking Malang, R.M. Soedarjo saking Klathèn, tuwan Tan Hang Liang, saking Indramayu, tuwan Tan Tong Diong, saking Bêtawi, nonah The Giam Nio, saking Surabaya, tuwan The Kiam San, saking Surabaya tuwin tuwan F.A. Nerda, saking Surabaya.

Ama enggal. Ing Bêtawi tuwuh wontên kewan bangsaning kacowak ingkang dèrèng nate kasumêrêpan. Kewan wau rêmênipun ngrubung dilah ing wanci dalu. Ing bab punika dados papriksaning para ahli.

Tentoonstelling barang-barang kina Tiongkok. Benjing Pasar Gambir ngajêng punika, wiwit tanggal 3 dumugi tanggal 8 Sèptèmbêr badhe kawontênakên tentoonstelling barang porcelein Tiongkok kina. Sintên ingkang badhe tumut ngêmori damêl babagan punika, supados têpang rêmbag kalihan Comite Pasar Gambir, akir-akiripun tanggal 7 Augustus.

Pabrik dhadhung ing Tangêrang. Ing Tangêrang kêlampahan sampun ambikak pabrik dhadhung saking ada-adanipun I.M.I.W. kanthi pangayomanipun ingkang wajib. Kintên-kintên pabrik punika sagêd mikantuki tumrap ngakathah, tuwin saya sagêd dipun agêngakên. Nalika pambikakipun kathah wêwakil Departement tuwin para golongan Pangrèhpraja ingkang anjênêngi.

Jampi ingkang ambêbayani saking dhukun. Ing dhusun Sidêngok, bawah Banjarnêgara, wontên tiyang sakit dipun têdhakakên jampi dhatêng dhukun, pakèning dhukun supados dipun olahakên ulam kodhok. Ingkang dipun kèn kalampahan pados kodhok ing panggenan pitêdahing dhukun, inggih punika kodhok ingkang sanès kodhok ijêm. Wusana sarêng katêdhakakên dhatêng tiyang ingkang sakit, anjalari ing tiwasipun. Salajêngipun dados papriksan dokter.

Nglêmpakakên sato kewan. Dr. William M. Mann, ingkang sampun sawatawis wulan manggèn ing tanah ngriki kalihan nyonyahipun, badhe bidhal dhatêng Penang, têrus dhatêng Bangkok. Mênggah anggènipun lêlana dhatêng pundi-pundi, pêrlu pados kewan-kewan badhe dipun ingah wontên kêbon binatang ing Washington. Badhe lampahipun sasampuning ngambah tanah Sumatra, Sagantên Têngah, ugi badhe tumbas kewan-kewan ing Colombo, Bombay, Karachi, Port Sudan tuwin Port Said.

Jamboree Hizbul-Wathan. Kawartosakên punika ing tanggal 27 dumugi 30 Juli 1937, Hizbul-Wathan laladan Surabaya badhe ngawontênakên jambereejamboree. manggèn ing Batu. Ing dintên Sêlasa malêm Rêbo tanggal: 27-28 Juli kawontênakên kampvuur H.W. manggèn ing ara-ara Gêntêngan, dipun wiwiti jam 7 dalu. Dintên Rêbo tanggal: 28 Juli kawontênakên arak-arakan wiwit jam 7 enjing saking dhusun Gêntêngan dhatêng ara-ara Klêbêngan, nglangkungi Kaliputih, Sisir Mênduran, Sisir Klumutan, pabrik tênun, Sanatorium, ara-ara Klêbêngan. Ing dintên Rêbo sontên wanci jam 4.30 kawontênakên têtandhingan bal manggèn ing ara-ara Klêbêngan, dipun sadhiyani ganjaran (beker) saking warung Munjin ing Malang. Malêmipun Kêmis tanggal: 28-29 Juli kawontênakên Openbare Verg: Pemuda-Muhammadiyah manggèn ing Arjuno Bioscope, dipun wiwiti jam 9 dalu. Ing dintên Kêmis tanggal : 29 Juli kawontênakên têtandhingan warni-warni kangge para pandu manggèn ing ara-ara Klêbêngan. Malêm Jumuah wiwit jam 7 dalu kawontênakên arak-arakan malih saking Gêntêngan dhatêng ara-ara Klêbêngan lajêng ngêdumakên ganjaranipun. Dintênipun Jumuah bibaran. (K. 2386 Malang).

Malaria ing Banyumas. Kados ingkang sampun kawartosakên, ing bawah Banyumas tuwuh sêsakit malaria sampun wiwit kala ing taun 1935, dumuginipun sapunika dèrèng wontên mêndhanipun, tumindaking pitulungan taksih lumintu. Ing sakawit ingkang tuwuh sêsakit wau ing Cilacap salaladanipun. Sarêng ing taun 1936 ing bawah Probolinggo inggih wontên, makatên ugi ing Nusakambangan tumrap têtiyang ukuman. Gunggungipun tiyang ingkang dipun jampèni sabawah Banyumas wontên 24.620. Tumrap Cilacap kemawon wontên 16.300.

Kalawarti Bangun dipun èngêtakên. Tuwan S. Wonobojo, sêsêpuhing redactie kalawarti Bangun, dipun timbali dening ingkang wajib, pêrlu dipun sukani sumêrêp bilih karangan ingkang mawi irah-irahan "Naar een tweede Locarno", botên damêl sakeca tumrap Italie.

AMERIKA

Wadya gêgana Amerika. Miturut wartos, parentah Amerika Sarikat sampun nindakakên cobèn-cobèn motor mabur pambujêng ingkang lampahipun ing sadonya rikat piyambak. Motor mabur wau mêsinipun kalih, kitiranipun wontên ing wingking, gadhah pirantos andhawahakên bom. Rikating lampahipun 300 km ing dalêm saêjam. Sagêd ndêdêl anggêgana ingkang inggilipun ngantos 10.000 m.

Amelia Earhart. Miturut telegram saking Honolulu, marine Amerika anggèning madosi nyonyah Amelia Earhart mêksa botên angsal damêl. Kapal Lexington sampun dipun purih wangsul dhatêng California. Miturut kawontênan wau, nyonyah Amelia Earhart dipun anggêp sampun tiwas.

--- 944 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun: Baronesse Orczy.

77

Kalayan gumujêng sajak bingah, Sêr Andre amangsuli: Ing sarèhne aku sumurup, yèn panjênêngan sugêng ora kurang siji apa, ukuman apa bae sing arêp ditibakake nyang awakku, aku mung andhèrèk. Nanging panjênêngan dhewe apa iya tega ngêculake Lèdhi Blakêne tindak piyambak mênyang Prancis, tanpa ana sing andhèrèkake babarpisan. Ora, Pèrsi, ambok kôndha nyang aku, olèhmu panganggo gêndhêng-gêndhêngan sing kaya ngene iki, ana ngêndi.

Kanthi gumujêng ngakak Sêr Pèrsi Blakêne amangsuli: Ha, ha, hah, panganggoku iki pancèn iya ora pati macak. Sasampunipun makatên, Sêr Blakêne lajêng dhawuh sajak gêtêm-gêtêm makatên: Ora, Andre, ing sarèhne kowe saiki wis ana ing kene, aja nganti ambuwang wêktu sing ora ana prêlune. Awit aku kuwatir, yèn Si Sopêlin bali mrene manèh, lan banjur amburu-buru aku kabèh.

Mênggahing Lèdhi Blakêne, ing kala punika rênaning panggalihipun tanpa upami, dene sagêd wawan-sabda kalihan ingkang raka, sagêd mirêngakên pangandikanipun ingkang raka ingkang nyênêngakên punika, tuwin sagêd nyuwun pitakèn warni-warni, amila sanadyana badhe dangu wontên ing ngriku, sang putri inggih sênêng kemawon. Nanging sarêng sang putri ujug-ujug mirêng namanipun Sopêlin wau, kagètipun kagila-gila.

Kalayan mêgap-mêgap sang putri enggal-enggal nyuwun mitêrang makatên: Kêpriye bisane kene bali. Dalan-dalan saka ing kene kang anjog nyang Kale, kuwi dijaga prajurit kang tanpa wilangan kèhe.

Sêr Pèrsi angandika: Kene ora bali mêtu Kale, kosokbalike, mêtu dalan liya, kang saka kene dohe kurang luwih sêtêngah pal. Ing kana wis ana prau tembo sing mêthuk, aja kuwatir.

Sang putri mitêrang sajak gumun: Prau tembo sing mêthuk kuwi, apa prau gawane kapale dhewe.

Sêr Blakêne sêmu bingah amangsuli kalayan gumujêng: Haiya, ta, mara, lucu apa ora iki.

Salajêngipun Sêr Blakêne nuntên andongèng makatên:

Margarèt, anggonku carita mau ana sing lali durung tak caritakake. Nalikane aku nglêbokake layang ana ing gubug, ora watara suwe aku nglêbokake layang liyane manèh, kanthi pamêling supaya layang iki, yèn arêp padha oncat, ditinggal ana ing sajêroning gubug kono. Karêpku supaya layang iki ditêmua dening Sopêlin. Nyata bisa kalakon apa kang dadi karêpku mau, anjalari Sopêlin saprajurite pisan padha bêbandhangan nuju nyang rèsturan: Kucing Klawu. Layang kang dhisik, kuwi isi parentahku marang sadulur-sadulur kang padha ana ing gubug kapriye anggone padha arêp oncat, mangkono uga isi parentah sathithik nyang Si Brig, kaptine kapalku. Parentahku nyang kaptin kapal mau, supaya kapale ngêdohana gisik sawatara. Yèn kapale kira-kira saka ing Kale wis ora katon, supaya tumuli ngêdhunake prau tembo kang kudu anjujug nyang sawijining susukan sing mung disumurupi dening aku dhewe lan kaptin kapal mau. Dene dununge susukan iki ana ing kanane Tanjung Grisnis. Ana ing kono para matruse prau tembo mau, olèh parentah kudu tansah ngulat-ulatake aku, lan sadurung-durunge wis dirêmbug, yèn aku wis awèh sasmita, prau tembo kudu marani sarta anggawa aku sakônca munggah nyang kapal gêdhe. Sajêrone mêngkono iku mau, Sopêlin saprajurite padha anjaga ana ing papan kang adu arêp karo rèsturan: Kucing Klawu.

Lèdhi Blakêne : Dadi kene kudu anjujug mênyang ing kanane Tanjung: Grisnis. Nanging kêpriye, aku saikine ora bisa lumaku. Ngandika makatên wau, sang putri nyobi jumênêng, nanging sariranipun sakojur andharodhog, ingkang anjalari sang putri kêpêksa kêdah lênggah malih.

Anguningani kawontênanipun sang putri ingkang makatên punika, sarana prasaja Sêr Blakêne namung ngandika makatên: Mêngko kowe tak gendhong, dadi kayadene: wong wuta kang dituntun dening wong lumpuh.

Ing ngriku Sêr Andre nyêla atur, inggih punika anyagahi badhe anggendhong sang putri, nanging ing sêmu Sêr Blakêne botên rila sangêt, sanadyan ngrumaosi sampun sayah sangêt, ewasamantên sang putri mêksa badhe dipun gendhong piyambak.

Badhe kasambêtan.

--- 113 ---

Nomêr 29, Taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Ngrimat Puhan

Puhan rêsik kaêcurakên ing gêndul, lajêng katutup rapêt, nuntên kasèlèhakên ing toya bêntèr, dangunipun 12 jam, sasampunipun gêndul kapêndhêt, tumuntên katutup mawi tir kênthêl. Puhan ingkang karimat makatên wau, sanadyan ngantos taunan taksih lêstantun sae.

Pigunanipun kopi

Ing sênthongipun tiyang sakit trêkadhang hawanipun mambêt pating kalênyit utawi anggônda botên eca, supados hawa wau sagêd ical, amêndhêta bubuk kopi sasendhok lajêng kabêsêma wontên ing sênthong ngriku. Kajawi punika, manawi wontên ing saênggèn-ênggèn wontên gêgandan ingkang awon, bubuk kopi wau ugi kenging kangge têtulakipun, sarana dipun ambêt. Lan malih bubuk kopi wau inggih migunani kangge anguwur-uwuri ulam daging utawi ulam toya, supados bilih karimat namung sawatawis dintên kemawon kuwawi, botên mambêt (buthuk).

Anggorèng kopi supados ambêtipun botên ical

Kopi ingkang kagorèng punika manawi sampun sawatawis dangu, sok ical ambêtipun. Murih ambêtipun wau botên ical, nalika kopi kagorèng sarta taksih bêntèr, kacarubana gêndhis batu, yèn kopi 50 bagian, gêndhisipun 1½ bagian, gêndhis punika ingkang anêsêp ambêting kopi. Kopi ingkang sêdhêng manawi kagorèng sarana pangreka makatên, sagêd dados kopi sae lan raosipun eca. Lan kenging ugi nalika kopi kagorèng, kacampuran roti tawar sapratiganipun, roti wau sadèrèngipun mawi kairis alit-alit rumiyin, lajêng kagorèng sangan. Wondene paedahipun roti wau anêsêp ambêt tuwin sarining kopi. Mila yèn kagorèng tanpa roti, ambêt sarta sarinipun lajêng ical dados kukus, makatên malih roti punika ugi angecakakên raosing kopi.

Nyai Anim.

--- 114 ---

Rêsèp Dhaharan

Podhêng soklat

Agêr-agêr 1, gêndhis 8 sendhok, soklat bubukan 1 sendhok, tigan 6 iji, pangolahipun:

Jênenipun tigan lan gêndhis dipun ublêk ingkang ngantos pêthak. Agêr-agêr dipun jur kalihan toya bêntèr 2 cangkir. Sasampunipun lajêng dipun saring lan dipun campurakên ing kêblukan tigan wau, lajêng kêblukan pêthaking tigan ugi kacampurakên. Sadaya wau lajêng dipun cithak ing cithakan podhêng. Pandhaharipun ngangge panilipla.

[Grafik]

Wujuding dhêdhaharan ingkang katata sae.

Pandamêlipun panilipla.

Mèlêk 1 litêr, tigan 4, gêndhis 4 sendhok, panili pudhêr 1 sendhok tèh, wiski, pangolahipun:

Kuningipun tigan dalah pêthakipun kalihan gêndhis dipun ublêk, mèlêkipun dipun kothok. Ublêkan tigan lan gêndhis lajêng dipun sokakên ing mèlêk têrus kaudhêg, lajêng kasukanan panili. Manawi sampun matêng lajêng dipun êntas kasukanan wiski.

Roti gorèng

Glêpung 12 sendhok, tigan 3 iji, gêndhis 2 sendhok, glêpung roti lan toya 14 sendhok, pangolahipun:

Glêpung roti lan gêndhis dipun jur ngangge toya. Manawi sampun lajêng dipun togakên kemawon ngantos ½ jam. Manawi jladrèn sampun mumbul lajêng dipun gorèng, dipun sukani kismis (krèntên).

Surtinah, Gêdhongan

--- 115 ---

Tlatèn

Têmbung tlatèn punika mêngku pangraos srêgêp, sabar, purun mongsal-mangsuli pandamêl ngantos sarampungipun utawi saprayoginipun. Tiyang tlatos ngopèni griya, dipun wastani gumlithi. Inggih punika manawi wontên ingkang katingal risak sakêdhik kemawon enggal dipun lêrêsakên. Manawi pakawisanipun katingal rungkud sakêdhik, inggih enggal-enggal dipun babadi lan dipun rêsiki. Pêthetan-pêthetan tansah dipun opèni.

Ing salêbêting griya, tiyang tlatenan punika inggih katitik, sadaya rêrêngganing bale griya kenging kangge titikan, bilih ingkang gadhah griya wau tansah nyambut damêl, botên nate nganggur, tansah marsudi ing damêl.

Tumraping tiyang èstri ingkang tlatèn punika inggih kasumêrêpan. Panganggenipun piyambak, sandhanganipun anak-anakipun, punapadene rêrêngganing bale griya sami dados pasêksèn ing bab anggènipun srêgêp lan talatèn ing damêl. Padamêlan ing pawon, panjaitan, lan sêratan (bathikan) punika manawi botên dipun talatèni botên badhe sae tumindak lan kadadosanipun.

Mênggah ngrêksa lare punika inggih kêdah tlatèn, kêdah botên kenging lena, kêdah purun mongsal-mangsuli manawi badhe nglêrêsakên adat tatacara ingkang supados sagêd sae. Tiyang ingkang gadhah tanêman kêdah tlatèn anggènipun ngopèni. Samantên ugi tiyang ingkang ngrêksa lare inggih kêdah tlatèn nênuntun murih saenipun.

Tiyang tlatèn anglêmpak-anglêmpakakên punika dipun wastani gêmi. Barang, arta botên badhe ical tanpa tônja, manawi botên prêlu inggih botên katanjakakên, dipun simpên ngantos sadumugining wontên prêlu.

Manawi makatên, watak talatèn punika sae. Mila kasinggihan, nanging tiyang ingkang tlatèn madosi awoning liyan, inggih punika tlatèn maoni, tlatèn angraosi, punika tlatèn ingkang awon sangêt.

Wusana kula sumanggakakên.

Rukmini

Kadospundi Wajibing Putri Gêsang Wontên ing Jaman Morak-marik Punika

Nuwun, ing sadèrèngipun kula ngaturakên wawasan kuwajibanipun putri ingkang sampun mêngku bale dalêm, gêsang wontên ing salêbêting jaman rêkaos punika, kula nyuwun gunging pangaksami bokbilih atur wawasan kula punika ginalih nglêmpara tanpa tônja. Jêr èsthining manah lugu namung badhe ngaturi urun udhu pamanggih sagadug-gadugipun ingkang gêgandhengan lan kuwajibaning sadhèrèk kula putri, lowung kangge wêwah isèn-isèning jagad kawanitan ing udyananing kajawèn ngriki.

Sadhèrèk, kula sadaya sami tinitah dados wanita, punapa ta têgêsipun wanita, yèn botên [botê...]

--- 116 ---

[...n] lêpat wanita makatên inggih: wadon. Wadon ing ngriku anggadhahi têgês: wadi. Dados sok makatêna kula sadaya punika anggadhahi têgês: wadi. Dados sintêna kemawon ingkang kuwajiban jagi wados punika masthi namung sarwa gawat lan awrat, awit lajêng cêtha sangêt tiyang ingkang kuwajiban jagi kula wados, punika inggih sami ugi kalihan jagi satunggiling: wêwadhah ingkang sarwa gawat. Tamtunipun tumrap ingkang dèrèng paham dhatêng kuwajibaning wanita, sagêbyaran kadosdene satunggiling barang ingkang èdi lan pèni tumrap rêrêngganing dalêm.

Yèn wontên ingkang kagungan panggalih kados makatên wau cêtha bilih kalèntu, jêr sajatosipun kula golongan wanita punika inggih golongan ibu, ingkang dados babunipun manungsa sajagad punika. Dados yèn mangrêtos kados makatên, kula golongan ibu punika, hla: rak agêng lan gawat sangêt kuwajibanipun, prasasat sami lan ngasta pusaraning jagad, awit manungsa sadaya ingkang tumitah wontên ing alam donya punika kanthi lêlantaran golongan ibu, wiwit lair ngantos dumugi diwasa tansah kagulawênthah dening pun ibu, dados prasasat pêjah gêsangipun kaasta dening pun ibu. Mila yèn sami karsa manggalih saèstu, kula para wanita punika awrat sangêt sêsanggènipun, prasasat anggadhahi têtanggêlan awon sarta saenipun para manungsa. Ing môngka dhêdhasaring panggulawênthah dhatêng putra punika ingkang langkung kiyat piyambak inggih saking pun ibu, awit miturut ngèlmu kabatosan, kajawi kagulawênthah wiwit wontên ing kandhutan ngantos lair, watak watêking putra sarta solahbawa lan sapanunggilanipun wau gampil sangêt kagèndèng dening pun ibu, sabab kabêkta saking tunggil raos lan tunggil êrah, mila inggih botên nama anèh yèn panggulawênthah saking pun ibu wau gampil sangêt sagêdipun tandhês dumugi raos sarta watak lan sanès-sanèsipun.

Miturut pamanggihipun bôngsa Eropah, majêng munduring bôngsa punika gumantung dhatêng majêng munduring golongan ibu. Bab punika saking pamanggih kula kathah lêrêsipun. Awit saking punika punapa botên prayogi yèn ta kula golongan ibu sami ngrumaosi kagungan kuwajiban ingkang sakalangkung gawat lan awrat wau. Mila yèn kula sampun sami ngrumaosi kagungan kuwajiban lan têtanggêlan ingkang samantên agêng sarta gawatipun, punapa inggih kula para wanita sampun cêkap namung dumugi samantên kemawon kridhaning kamajêngan kula, langkung-langkung para kadang kula wanita mudha ingkang badhe angayahi kuwajibaning kaum ibu dados panuntun lan panggulawênthah dhatêng putra.

Awit saking punika kadospundi reka lan pambudidaya kula sadaya anggèning sami ngudi sêsêrêpan dhatêng panggulawênthahing putra ingkang prayogi piyambak, murih sagêda dados tiyang ingkang migunani tumrap dhatêng rahayuning bawana.

Badhe kasambêtan.

Bok S. Wir, Rêmbang

--- [993] ---

Ôngka 61, Stu Pa, 23 Jumadilawal, Ehe 1868, 31 Juli 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Babad Giyanti

Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen.v.K.en W.

Sarisakipun karaton Kartasura ingkang jumênêng nata Sinuhun Pakubuwana II lajêng yasa karaton enggal ing dhusun Sala. Nagari kasantunan nama Surakarta Adiningrat. Sang nata dèrèng dangu anggènipun ngadhaton ing Surakarta lajêng pasulayan kalihan ingkang rayi Pangeran Mangkubumi. Wusana anjalari pêrang ngantos pintên-pintên taun, inggih punika pêrangipun wadyabala Surakarta kabiyantu prajurit Kumpêni mêngsah kalihan para prajurit ingkang sami ngrencangi Pangeran Mangkubumi. Pêrangipun gêntos unggul lan gêntos kalindhih, sarta kanthi ngolah-ngalih panggenan. Dangu botên wontên ingkang mênang tuwin ngawon, pungkasanipun ingkang sami mêmêngsahan lajêng bêdhamèn. Miturut bêdhamèn wau nagari kapalih dados kalih bagean. Ingkang sabagean inggih punika nagari Surakarta dados kagunganipun nata ing Surakarta Sinuhun Pakubuwana III, ingkang anggêntosi ingkang rama nalika taksih wontên pêrang, amargi ingkang rama Sinuhun Pakubuwana II seda nalika taksih wontên pêrang wau. Dene ingkang sabagean malih inggih punika nagari Ngayogyakarta dados kagunganipun Pangeran Mangkubumi ingkang lajêng madêg nata jêjuluk Sultan Hamêngkubuwana.

Sanajan botên kapratelakakên, para maos têmtunipun sampun sami priksa, bilih babad Surakarta ingkang katêlah dipun wastani Babad Giyanti punika pantês sarta inggih sampun samêsthinipun dados waosanipun tiyang Jawi. Botên namung tiyang Jawi ing nagari Surakarta lan ing Ngayogyakarta kemawon, nanging para tiyang Jawi ing laladan sanès-sanèsipun inggih prêlu maos babad wau. Awit punika atêgês kangge nyumêrêpi lan ngèngêt-èngêt babading tanahipun piyambak lan atêgês kangge nyumêrêpi lêlampahanipun para lêluhur Jawi ingkang sami tumut andon yuda nglabêti sinuhun ing Surakarta utawi Pangeran Mangkubumi kasêbut ing nginggil wau. Amargi pêpêrangan ingkang kacariyosakên ing babad Giyanti punika jêmbar têbanipun, botên namung ing salêbêtipun laladan nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon, nanging ngloncok dumugi laladan sakiwatêngênipun nagari kalih wau, sarta ingkang sami tumut andon jurit ugi botên ngêmungakên tiyang ing nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon.

Kajawi punika, babad Giyanti punika ugi andongèngi, liripun nyariyosakên pêpêrangan, lêlampahan, lan kawontênan warni-warni, ingkang pantês dipun waos kangge nyênêngakên manah. Jalaran ingkang andhapuk pujôngga agêng ingkang sampun misuwur, inggih punika suwargi Tumênggung Yasadipura, ing Surakarta. Basa tuwin othak-athiking cariyos runtut lan sarwa nêngsêmakên.

Babad Giyanti ingkang kawêdalakên dhatêng Bale Pustaka punika ngantos satamatipun, sarta murih ènthèngipun ingkang sami mundhut, kawêdalakên dados pintên-pintên jilid. Samangke sampun kenging wêling ingkang jilid: 1 -7, a f 0.50.

--- [945] ---

Ôngka 61, Stu Pa, 23 Jumadilawal, Ehe 1868, 31 Juli 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Triarga Jêjêring Carita - Bab Sêsakit Edaning Sêgawon - Talaga ingkang Elok - Kawontênan ing Tiongkok - Blilu Tau - Bab Lampahipun Kolonis dhatêng Tanah Sabrang - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Tuna dungkapipun tiyang ngudi kabatosan.

Babagan kabatosan punika mênggahing marginipun, botên sanès inggih rêrambatan batos, dados manawi makatên kabatosan punika inggih wontên undha-usukipun, inggih punika wiwit saking kasar, alus, saya alus, alus sangêt, salajêngipun.

Manawi ngèngêti panggrayapanggrayang. kados makatên punika, pangudi babagan makatên punika botên gampil, tuwin bokmanawi adhakan dados tindak tuna dungkap. Mênggah pasaksènipun ingkang adhakan, upami wontên têtêmbungan: wong ngudi babagan kabatinan, iku pawitane kudu mênêng.

Têtêmbungan makatên wau lajêng nuwuhakên pamanggih warni-warni. Wontên ingkang nekadakên: mênêng punika mênênging cangkêm, inggih punika cangkêmipun ingkang kapara kèndêl, sukur ingkang kaduk kèndêl. Mênggah sèlèhing tekad ingkang kados makatên wau sampun mapan, tuwin nyata, ngantos wontên bêbasan: mênêng iku ana sajabaning pakewuh. Dados tiyang ahli mênêng ingkang kados makatên punika tumraping ngudi kabatosan nama sampun angsal ancik-ancik sae.

Lajêng wontên ingkang nyuraos, mênêng iku mênênging pôncadriya, awit pôncadriya iku yèn ora diênêngake, kêkarêpane tansah ngômbra-ômbra, yèn ora dikothokake tuman bae. Tindak makatên punika sajak katingal kêrêng, tuwin inggih lajêng katingal mapanipun.

Wontên malih ingkang kaduk sêmbrana, mastani tiyang badhe mênêng punika malah kêdah manggèn ing papan rame, awit manawi botên ngraosakên ramenipun, badhe botên manggih mênêngipun. Tekad kados makatên punika inggih wontên lêrêsipun, katingal anggèning adhêdhasar watak prasaja, ngajêngi sadayanipun, ingkang prêlunipun badhe pados mênêng.

Mirid andharan tigang warni wau, tamtunipun tumrap ingkang sami nekadakên badhe ngêncêngi tekadipun piyambak-piyambak, ingkang wosipun rêbatan mênêng. Nanging tumraping babagan punika, punapa inggih cêkap wontên ing mênêng. Nyumanggakakên.

Cêkruktruna.

PANGAN IKU KANG DIARANI BÊCIK YAIKU KANG AJÊG WAKTUNING PAMANGANE LAN KANG SOLAN-SALIN.

--- [946] ---

Cariyos Kina

Triarga Jêjêring Carita, Nawung Rahsa, Rinipta Ikêtan Kina.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 57

Suwaraning adan ing Masjid Jabalkat, kapyarsa ing Bintara (Dêmak).

Sarèhning pamawasing cariyos ing nginggil punika nama kanthi ngakal, punika kenging kapiridakên kalihan kawontênaning cariyos nalika jaman kênabean, punika tumrap ingkang dados panutan, manawi paring dhawuh utawi paring pêpèngêt punapa kemawon, ingkang gêgayutan piwulang kaalusan, dhumatêng para golonganipun, inggih punika ingkang andhèrèk sarengating nabi, kacariyos botên sarana sêsêratan, utawi katundha ing rêmbaging tiyang sanès, namung lajêng jumênêng ing sanginggiling sela. Cara makatên punika, para golonganipun, wiwit ingkang cêlak ngantos dumugi ingkang têbih, malah wontên ingkang kapalang sagantên, ewadene para golonganipun wau sagêd waradin botên wontên ingkang kalangkungan, ing pangraos sampun sami nampi dhawuh piyambak-piyambak.

Wondene surudipun Sèh Dumba, kacariyos ugi mawa prabawa tuwin kumara, ingkang angebat-ebati. Dene layonipun, lajêng kasarèkakên wontên ing rêdi Cakaran. Malah pasareanipun wau ngantos sapriki ugi dados patirakatan. Mila limrahipun tiyang sajarah dhatêng ing pasarean Bayat punika, sasampuning nyêkar ing pasareanipun Kyagêng Pandhanarang, manawi kacêkap wêkdalipun, lajêng minggah ing rêdi Jabalkat, prêlu nyêpên utawi kêkadhar, dene patrap makatên wau, kawastanan ngadhang wahyu. Limrahipun wontên ing pasareanipun Sèh Dumba wau, sasampuning nglairakên ingkang dados sêdya niyatipun, minôngka isarat, sami mêndhêt utawi ngrogoh siti ingkang kalêrês daganing pasarean, prêlu kabêkta mantuk, lajêng karimat utawi sinimpên ingkang prayogi. Wondene tumrap ingkang anggadhahi kapitadosan, patrap makatên wau kaanjingakên ngêmpèk sawab utawi ngalab barkah, dhumatêng kalangkunganipun ingkang suwargi. Mila satêngahing kaol nyariyosakên, siti dagan ingkang kaanggêp jimat wau, sabên Anggara Kasih, tuwin Jumungah Kliwon, kêdah kamulyakakên, sarana kinutugan ing sela (mênyan) salajêngipun ingurap ing sêkar ramping. Malah yèn kasêmbadan, salêbêting dalu kêkalih wau, prayogi kaêlekan, nanging kêdah wontên ing latar. Rèhning badhe nyundhukakên, kaoling cariyos, anyarêngi ing wanci bêdhug tiga (subuh) siti dagan wau lajêng kaêlèr wontên ing wadhah, tumuntên kagrayang ing asta èpèk-èpèk kêkalih. Blubukan ingkang lêmbat, inggih ingkang sami tumèmplèk ing èpèk-èpèk kêkalih.wau, tumuntên kaangge wulu, sacaraning mêndhêt toya wulu ing sagantên pasir (toyamum) ingkang kalêbêt pranataning agami Islam, kados makatên mênggah dêdongenganipun. Wondene lêrês tuwin lêpat, namung sumôngga, amargi sadaya wau nama asnapun.

Wirasuharja-Kêbumèn.

--- 947 ---

Bab Kasarasan

Bab Edaning Sêgawon (hondsdolheid)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 59

Dr. Charbonnet nêrangakên bilih Dr. Martel pitadosipun dhatêng saening vaccin punika jalaran kêtarik dening piyambakipun rêmên utawi katut dhatêng Annette anakipun Pasteur.

[Iklan]

Annette ingkang tumut mirêngakên namung manthuk-manthuk kemawon.

Dr. Martel wicantên: Pancèn aku dhêmên nyang kowe Annette, nanging aku uga pitaya bangêt marang pigunane vaccin saka kapintêrane bapakmu kang mêsthi bakal ana wohe kang paedahe gêdhe bangêt.

Annette katingal anggèning nglairakên bingahipun dhatêng Dr. Martel.

Nalika Tuwan Pasteur kalihan garwanipun sami lêlênggahan ing nglêbêt dalêmipun, garwanipun matur: Louis, mangke yèn vaccin sampeyan pancèn sagêd mitulungi saèstu, têtiyang ingkang sami gadhah menda utawi lêmbu sadaya ing Eropah têmtu sami nêdha vaccin wau, sampeyan têmtu ibut angladosi têtiyang wau sarta misuwur.

Pasteur ngandika: Samubarang pagawean kang migunani tumrap umum iku dadi bathine wong akèh.

Ing dhusun Le Fort bawah Arbois panggenan ingkang

--- 948 ---

kathah mendanipun, ing ngriku nagari badhe damêl cobèn-cobèn. Sasampuning dintênipun katêtêpakên, para dhoktêr ingkang pintêr-pintêr sami dhatêng kêmpal ing dhusun ngriku. Tamu saking môncanagari kintên-kintên wontên 3000, prêlu badhe sumêrêp kadadosan lan nyatanipun, ngantos dhusun punika andadak dados rame sangêt, têtingalan warni-warni, sami dhatêng ambarang. Dr. Rossignol sampun ngintunakên menda kathah ingkang dèrèng nate dipun suntik vaccin, prêlu kangge cobèn-cobèn wau, rêmbagan lan janjinipun kalihan Pasteur botên kenging pisan-pisan tiyang cakêt utawi andêmèk menda ingkang sampun dipun kandhangakên punika.

Têtiyang ingkang sami ningali wontên ingkang wicantên: Sapa sing bênêr Dr. Rossignol apa Pasteur.

Mêsthine Rossignol sing bênêr, amarga dhèwèke pancèn dhoktêr. Ingkang kathah sami makatên jawabipun, sawênèh inggih wontên suwara ingkang mungêl: Pasteur mênang.

Dr. Rossignol ngandika: Dhoktêr sêmene kèhe padha nyêksèni kabèh.

Dr. Charbonnet apa nyêksèni wêdhus apa kumidhine.

Têtabuhanipun kumidhi kapal dipun ungêlakên, dados rame.

Dr. Rossignol kalihan Dr. Charbonnet sami mriksani karamean lan têtiyang ingkang sami uyêl-uyêlan ningali têtingalan wau.

Botên antawis dangu Dr. Charbonnet kagèt mirsani satunggilipun priyantun lêma saha brewok, inggih punika Dr. Lister. Dr. Charbonnet ngandika sajak pitakèn dhatêng Dr. Rossignol: Panjênêngan pirsa sintên ingkang jumênêng ing ngriku punika, punika punapa Dr. Lister saking Inggris, ingkang misuwur asmanipun bab prakawis motong.

Dr. Lister majêng nyakêti dhoktêr-dhoktêr ingkang sampun sami kêmpal wontên ing ngriku, lajêng têtêpangan.

Dr. Rossignol ngaturi sugêng rawuhipun Dr. Lister, saha nêrangakên rawuhipun ing ngriki badhe karsa punapa.

Dr. Lister mangsuli: Pikajêng kula sami kalihan karsa panjênêngan, badhe ningali menda ingkang dipun suntik vaccin Pasteur, dados kula kêpengin sumêrêp menda-menda ingkang sampun dipun suntik.

Ing têngah margi wontên kreta ingkang dipun tumpaki kulawarga Pasteur, Dr. Jean Martel sampun wontên ing ngriku mapagakên Annette lajêng sami andhèrèkakên tindakipun para dhoktêr wau. Ing regol panggenan kandhang, korinipun lajêng dipun bikak dening ingkang jagi, sasampunipun kulawarga Pasteur. Dr. Roux, Dr. Martel lumêbêt ing papan panggenan kandhang menda wau, têtiyang sanèsipun sawêg kenging sami lumêbêt.

Sakawit ingkang dipun priksa rumiyin kandhang ingkang wontên menda-mendanipun ingkang botên dipun suntik wontên 25 iji, ingkang pêjah 23, ingkang kalih badhe pêjah, matanipun buthêk mêrêm, ing ngriku têtiyang utawi para dhoktêr sami kèndêl botên wontên ingkang wicantên.

Lajêng sadaya sami mirsani kandhang nomêr 2 ingkang isi menda-menda ingkang sampun sami dipun suntik vaccin Pasteur. Menda 25 iji katingal sami anjêrum kèndêl botên ebah.

--- 949 ---

[Iklan]

Têtiyang ingkang ningali sami wicantên: Apa wêdhus-wêdhus iki ya padha mati.

Sarêng têtiyang sami nyakêti kandhang, menda wau sami ebah ningali têtiyang ingkang dhatêng, têtiyang lajêng sami surak rame sarêng-sarêng klayan ungêlipun menda-menda wau, êmbèk, êmbèk.

Sapunika sampun katingal cêtha menda-menda ingkang sampun kasuntik vaccin Pasteur sami bagas kasarasan trêngginas botên wontên ingkang sakit.

Annette nyakêti Dr. Martel sarwi wicantên: Aku bungah bangêt dene wêdhuse bapak padha isih urip lan waras-waras mêngkono. Dr. Martel lajêng ngrangkul Annette.

Pasteur mirsani putranipun rangkul-rangkulan rêna sangêt, nanging langkung bingah dene vaccin-nipun dados jampi ingkang saèstu, sagêd mitulungi dhatêng kewan ingkang katrajang sêsakit miltvuur wau.

Sanalika Pasteur dipun rubung dening para dhoktêr.

Dr. Radisse dhawuh dhatêng Dr. Rossignol : Kula botên mangrêtos kadospundi vaccin punika têka sagêd dados jampi makatên.

Dr. Rossignol mangsuli: Kula sadaya kêdah mangrêtos yèn Pasteur pancèn lêrês, mênang, suntikipun sagêd nanggulangi dhatêng sêsakit miltvuur.

Dr. Rossignol nyuwun ngapuntên dhatêng Tuwan Pasteur ing kalêpatanipun, saha ngaturi kasugêngan dening jampinipun vaccin angeram-eramakên cêsplêngipun. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja. Ind. Arts. Sêmarang.

--- [950] ---

Talaga ingkang Elok

Ing pulo Plorès wontên rêdinipun nama Kêlimutu. Rêdi wau rêdi latu, mila ing pucak wontên talaganipun pintên-pintên.

[Grafik]

Gambar ingkang ngajêng talaga Tiwuapolo, ingkang toyanipun abrit kados rah.

Talaga-talaga ing pucaking rêdi wau wontên ingkang anèh, inggih punika ingkang satunggal toyanipun katingal abrit ngantos kados rah, namanipun Talaga Tiwuatapolo, mênggah kajêngipun talaga tênung.

Botên têbih saking ngriku, malah namung kêlêt-lêtan ing têmbing sela, wontên talaga malih ingkang warnining toyanipun ijêm nèm.

Warnining toya kalih warni wau pancèn adamêl gawok, nanging manawi mirid kawontênan, jalaranipun botên sanès, namung saking manut dhêdhasaring talaga wau.

Tamtunipun kawontênaning talaga kêkalih wau ugi wontên dêdongenganipun ingkang elok.

--- 951 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Upyêk-upyêkan ing Tiongkok ing wêkdal punika, kenging dipun wastani sampun pangawak pêrangan, awit punapa tindak ingyangingkang. dhapur rêmbag, pinanggihipun namung sarwa sêrêng, tuwin nyakêti sangêt kalihan tumêmpuhing gêgaman. Sarèhning dhêdhasaripun sêrêng sami sêrêng, sampun nama botên anèh bilih sadaya wau namung dados lantaran kemawon, tandhanipun inggih sampun wontên ingkang campuh sakalangkung rame.

[Iklan]

Tumrapipun Tiongkok, ing babagan kaprajan, kêrêp amanggih sandhungan ingkang tuwuh saking golonganipun piyambak. Kados ingkang pinanggih ing wêkdal punika, Tiongkok sawêg sêrêng-sêrêngipun kalihan Jêpan, sawarnining tindakipun umindêng kangge nyantosakakên kabangsan, murih sagêdipun tunggil agolong. Nanging tumrap Tiongkok sisih êlèr, wontên golongan ingkang dipun senapatèni dening Sung Ce Yuwan, katingal anggèning botên ngêblak, wontên sêmunipun ngumpêt wêwados ingkang gêgayutan kalihan Jêpan, mila nalika parentah Nanking pitakèn ing bab suraosing prajangjianipun Jêpan kalihan parentah [pa...]

--- 952 ---

[...rentah] laladan, kêncêng anggènipun botên purun suka katrangan.

[Grafik]

Tumpakan gagrag kina ing nagari Tiongkok.

Ingkang makatên punika tumraping Tiongkok sakalangkung nyamarakên, awit mangrêtos bilih kawontênan ing ngriku wau kêdhêsêk saking daya Jêpan. Malah Tiongkok inggih sampun sagêd anggagapi, bilih sêdyanipun Jêpan punika botên sanès namung badhe anjêmbarakên laladanipun, inggih punika badhe ngêdêgakên panguwaos ing Pebaping, tuwin badhe ngêlar Mansukuo murih saya santosa adêgipun. Bab punika Jêpan tansah sêrêng ngudi unduring wadya Tiongkok ingkang wontên ing Wapingsin tuwin ing pulo Ciao. Nanging têtiyangipun ing ngriku têtêp botên purun mingsêt ing sadèrèngipun bôngsa Jêpan sumingkir saking Pèngtai. Sarèhning panggrêtak wau dipun wangsuli kados makatên, Jêpan lajêng nyantosani barisipun.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, pinanggihipun wontên ing golongan Tiongkok kêtingal pating brêndhil, wontên ingkang kêncêng, nanging ugi wontên ingkang malah adamêl sarwa pakèwêd.

Sarêng panêdhanipun Jêpan wau botên kasêmbadan, ing sêmu Jêpan botên kêdugi sangêt. Inggih lêrês wontên golonganing wadya Tionghwa ingkang sampun sumingkir, nanging ugi dipun lintoni golonganing prajurit sanès. Makatên ugi unduripun wadya Iongkok punika botên patos têbih, tuwin lajêng umpêtan wontên ing rong-ronging pandhêlikan, môngka kajêngipun supados sumingkir têbih. Nanging kawontênan ingkang kados makatên wau inggih botên nama anèh. Dene anggèning Tiongkok ngiyatakên prajurit, punika namung kangge ngêmbari solah-tingkahipun Jêpan, awit gunggunging wadya Jêpan ingkang wontên sakubênging Pèiping kintên-kintên wontên 20.000.

Ing salajêngipun wontên tindak sêrêng saking Jêpan ingkang tumuju dhatêng Sung Cèh Yuwan, ingkang suraosipun kêdah ngundurakên prajurit Tiongkok tumuntên, manawi pakèn punika botên dipun lêksanani, badhe katindakakên kanthi panguwaos militèr.

Sung Cèh Yuwan, ingkang tansah dipun sujanakakên dening paprentahan pusêr, dangu-dangu sarêng rumaos tansah kêdhêsêk Jêpan, lajêng lapur dhatêng parentah pusêr, bilih wadyanipun badhe dipun angsahakên lumawan Jêpan. Kajawi punika ugi nglapurakên bilih kawontênanipun ing Lukuwociao mrênding sangêt, samôngsa-môngsa gampil tuwuhipun paprangan.

Sawarnining rêmbag wau pêpindhanipun kadosdene ambêndung [ambê...]

--- 953 ---

[...ndung] toya agêng, dangu-dangu jalaran saking kiyating toya, katêmahanipun ambrol yêktos, inggih punika ing antawising Pèiping kalihan Tinsin tuwuh wontên ingkang campuh malih, wadya Tiongkok tuwin wadya Jêpan sami kiyatipun. Wadya gêgana Jêpan lajêng nêmpuh saking gêgana andhawahi bom ing tangsi-tangsi wadya Tiongkok ing Hangpha. Malah miturut wartos ingkang kantun, ing wanci sontên têtiyang ing Pèiping sakalangkung kagèt, dene ujug-ujug wontên wadya Jêpan cacah 500 nêmpuh ngêgèt wontên sangajênging gapura Yuwantan. Ing sakawit nêmpuhipun mawi gêlar mundur, nanging sarêng dalu nêmpuh malih kanthi ngêtog karosan badhe ngêbroki kitha. Tujunipun wadya Tiongkok kuwawi nanggulangi.

Ing mangke saya katingal sêsulaking pasulayan ing Tiongkok.

Pawartos saking Rêdhaksi

K. 106 ing Kaliwungu. Kajênging karangan ingkang sampun kapacak ing Kajawèn, punika botên plêk kados karangan panjênêngan, nanging kathah ingkang sairib. Sampun cuwa ing panggalih.

K. 2040 ing Kêdhunggalar. 27 Mèi 1890, dhawah,Sla, Lê, 7 Sawal, Alip 1819, wuku Wuye, windu Sangara.

K. 1678 ing Slawi. Manawi karangan wau sae inggih badhe kapacak.

Tuwan S. ing Kêbumèn. Kintunan gambar botên cêtha. Cobi damêla karangan malih, tuwin manawi ngintuni gambar ingkang cêtha tuwin ingkang maedahi.

K. 305 ing Ngayogya. Karangan panjênêngan sami botên kapacak, suraosipun kêpanjangên.

Lêngganan nomêr 1958. Bale Pustaka botên ngêdalakên buku pêmimpin kangge sujarah kaji dhatêng Mêkah. Dene ingkang ngêdalakên buku wau toko buku H. Buning Ngayogyakarta, namanipun buku: Manasik Haji. Samangke rêgi pintên, rêdhaksi botên sumêrêp, kula aturi mitêrang piyambak.

Lêngganan nomêr 4723. Buku ênut gêndhing slendro lagon Ngayogya dèrèng wontên. Ingkang sampun dipun wêdalakên dening Bale Pustaka, ênut gêndhing slendro saking Surakarta.

[Iklan]

--- 954 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Lampahipun Kaum Kolonis dhatêng Tanah Sabrang

II

Garèng : Ngrungu caritamu carane anggone ngopèni wong-wong kolonis kuwi mau, saka bungahku ing sajêroning atiku bola-bali muni: alkamdulillah, alkamdulillah, nganti mênirên. Saiki caritakna, jam pira kapale labuh ana ing Sumatra, lan kapriye panampane ana ing kana.

Petruk : Kira-kira jam 7 kapale wis bisa labuh ana ing Oshapên, yaiku jênênge palabuhan ing Sumatra kang sisih kidul, iya ing Lampung, Kang Garèng. Ana ing kono mudhune wong-wong saka kapal diatur sabatih-sabatih lan iya ngumpul tunggal sadesa.

Garèng : Wèh, iya sênêng ane, awit, ora pisah karo sadulure, kathik têrus kumpul tunggal desane dhewe. Mudhune sing dijujug nyang ngêndi, Truk.

Petruk : Lakune mau ngênêr mênyang kantor Dhuanê, iya iku kantore punggawa nagara sing ambaurêsa palabuhan. Nanging ana ing têngahing dalan ana sing nyêgati, malah amêdèni prasaksat Ditya Kumbakarna, yaiku tuwan dhoktêr.

Garèng : Wayah, tiwas atiku rada mêngkêrêt. Apa dhoktêre kuwi gêdhe dhuwur tur branggah, kathik diunèkake amêdèni prasaksat Kumbakarna.

Petruk : Ha iya ora, Kang Garèng, dêdêg piadêge priyayine mono iya cilik, nanging ing sarèhne lagi dikuwasakake ngêndhêgake wong-wong mau tut siji, mulane iya tak sêbut amêdèni. Luwih manèh putusane, apa wong kêna têrus ambanjurake lakune, apa kudu mlêbu rumah sakit, apa kudu dibalèkake nyang desane, mulane tak unèkake prasaksat Kumbakarna. Kowe rak iya wêruh dhewe kasêktène Kumbakarna, wong digêtak, mêsthi kontal, malah didhèhèmi bae iya wis ngoplok.

Garèng : Iya wis, kok banjur nyaritakake sing ora-ora. Cêkake karêpmu, dhoktêr mau anyêgati wong-wong mau, diwajibake mriksa kasarasane, sing saras kêna ambanjur, sing lara kudu dilêbokake romah sakit, lan sing lan sing ayu... ditahan ana ing kono.

Petruk : Hus, hus, wong sêmbrana, kok banjur ora karuwan mêngkono rêmbuge. Sauwise dipriksa mau, wong-wong banjur diirit mênyang ing papane para punggawa kolonisasi, kang wus sumadhiya ana ing kono sadurung-durunge, prêlune kudu dilêbokake ing buku rêgistêr jênêng-jênênge, [jênêng-...]

--- 955 ---

[...jênênge,] kajaba iku wong-wong mau kudu awèh cap jêmpol, dariji lan cap èpèk-èpèk.

Garèng : Wèyèh, kok pêpak têmên, apa iya ora kudu cap sikil pisan.

Petruk : Yah, iya ora. Prêlune dikon ngêcap sing mangkono mau, mung kanggo jaga-jaga ing besuke, yèn ana apa-apa, dadi gampang anggone nitèni. Sauwise wong-wong mau banjur padha diparingi pènêng, kang dipasang ana ing dhadha.

Garèng : Gandrik, cilaka ane, kudu cucul dhuwit manèh. Lumrahe nagara paring pènêng kuwi, iya ora mung: cul, ngono bae, nanging kenene iya kudu ngrogoh kanthong, Truk, kaya ta: pènêng andhong, pènêng gondhang-gandhung, malah uga pènêng... mas anjing.

Petruk : Iki beda bangêt karo pènêng-pènêng sing kok omongake kuwi mau, iki malah kêna saupama kok aranana: pènêng wasiyat, awit, kajaba pènêng iki diparingake kanthi lêlahanan, sing sapa nyêkêl pènêng iki, anggêre dituduhake ana ing papan kang wis ditêmtokake, mêngkono: cung, iya banjur: lung, diwènèhi sawungkus isi sêga salawuhane.

Garèng : O, pancèn iya wong sêmbrana, dadi cêkake: pènêng mau kanggo titènane wong kolonis sing kudu olèh cadhong. Wis, wis, nèk omong kuwi ambok aja blondhat-balandhitan mêngkono, saiki banjurna bae caritamu.

Petruk : Ora, Kang Garèng, kabèh-kabèh mau pranatane mula iya bêcik, nanging aku ora pati gumun. Dene sing tak gumuni nganti rindhil kuwi, patrape pulisi sing ngatur mêdhune kaum kolonis saka kapal, mênyang kantor Dhuanê, nganti tumêkane munggah sêpur, hla, kuwi, wèh jêmpol têmênan, Kang Garèng.

[Grafik]

Garèng : Ora kulak, wis ngrêti aku, Truk. Rumasane lumrahe: wong iya wong desa, mêsthi padha bodho-bodho, kudu disênggara macan, cikbèn manut miturut. Dadi patrape pulisi nyang wong-wong mau, iya nganggo: nyêntak-nyêntak, misuh-misuh, ngobat-ngabitake gêmbêle barang kae.

Petruk : Salah, Kang Garèng, bingkananeing kanane. salaha malah kosokbaline, patrape pulisi tumrap kaum kolonis kuwi alus bangêt, kayadene bapa nyang anak, utawa guru nyang murid, nyêntake, kayadene wis dibêsinêh, pisuhe wis diwahgèl, apa manèh tanduk sing kasar, nyurung-nyurung, luwih-luwih nêndhang, nabok, lan sapadhane, sajake kaya wis dièrlop, onslah,

--- 956 ---

anane mung ngandhani, mituturi, ngelingake, cêkake patrape pulisi nyang wong-wong mau, ing kala samono kêna tak arani: nênuntun.

Garèng : Hla, nèk kaya ngono ya pancèn: jêmpol tangan lan sikil didadèkake siji têmênan. Luwih manèh bôngsa Jawa, kuwi mênyang patrap sing alus, wèh, nganggêp têmênan, Truk. Kaya ta supir upamane, utawa kusir andhong yèn salah dalan, utawa nglanggar pranatan, ambok aja guru-guru dhisik, disêntak, digêbug, apa manèh diprosès pêrbal, iki wonge bisa banjur bingung kêdadak, bisa kamithotholên, kang bisa anjalari saya gawe salah wèsêl luwih rete-rete. Ambok iya dituturi bae: mas, niki sampeyan salah, kudune ngotên, mêkotên, napa botên mêlas sampeyan, nèk nganti ontên wong diambung motor sampeyan niku. Tak tanggung, Truk, yèn patrape pulisi alus mêngkono, pêlanggaran mêsthi kurang.

Petruk : Ha iya, Kang Garèng, nanging bangsane dhewe kuwi pancèn rada angèl, êmbuh saka bodhone, êmbuh kêpriye. Lumrahe sok ora wêruh nyang lupute dhewe. Kaya ta yèn ana motor tubrukan upamane, kuwi ora kok banjur salah siji ngalah, gêlêm angakoni lupute, nanging siji lan sijine ora ana sing luput, loro-lorone bênêr kabèh, pungkasane banjur padu, malah yèn ora kabênêran sok nganti padha adu: kupat Bangkaulu, alias: adu kêpêlan. Lo, yèn mrangguli wong sing kaya ngono kuwi, pulisi apa iya mung dikon alus têrus-têrusan bae, mêngko rak sida kujur têmênan, Kang Garèng.

Garèng : Wèh, salah wèsêl panêmumu, Truk, karêpku kuwi mau mangkene: nèk ana gawe parigawe sing têmênan, wis mêsthi bae pulisi kudu bisa tumandang gawe sing mêmpêng kae, nanging yèn ana palanggaran sing lumrah, sing ora piraa, iba bêcike saupama ora banjur tumuli: mrosès pêrbal, nyêntak-nyêntak lan sapadhane, nanging wong sing nglanggar pranatan mau, banjur dikandhani, dituturi, didudung-dunungake,didunung-dunungake. bokmanawa wohe rak luwih bêcik.

Petruk : Bokmanawa, Kang Garèng, dadi durung mêsthi, nanging bab kiyi ora prêlu kene mèlu cawe-cawe, dudu wênange kene mèlu ngrêmbug, Kang Garèng. Luwih bêcik saiki tak ambanjurake caritaku lakune wong-wong kolonis kuwi mau. Wong-wong mau banjur padha diunggahake nyang sêpur, iki iya nganggo pranatan manèh, Kang Garèng, ora mung sajêl-jêle bae. Nanging dipranata: anak bojo digrombolake dadi siji, malah sabisa-bisa wong tunggal desa dikumpulake dadi siji sakreta. Prêlune bèn padha ayêm, aja nganti rumasa kêpêncil.

Garèng : Iki jênêngane waskitha, Truk. Wong tak têpakake nyang awakku dhewe, yèn kabênêr nyêpur: sêndiriyun, kae, wah, rasane mula iya palingak-palinguk têmênan. Mulane aku sok banjur golèk kônca, sukur yèn olèh sing kira-kira bisa... anjajakake, ora-orane iya sing... klimis gêlunge.

--- 957 ---

Blilu Tau

Anggitane: Wiryawiharja

Sambungane Kajawèn nomêr 60

[Mijil]

caritane disêlani sathithik /Lebih satu suku kata: Caritane disêlani thithik. kocapa wong loro / Nyai Wana dalasan mantune / lêlakone saya mêlasasih / wis atine sêdhih / tur mlarate muput //

suwe-suwe padha duwe osik / mung arêp nusul thok / angumbara saparan-parane / rêkasane wis ora dipikir / tanggane malangi / wis ora dirêmbug //

ewadene sêdyane ing batin / anggolèki bojo / ing laire nêdya nyambutgawe / sabisane kanggo cagak urip / ngiras nglali-lali / lakon sing kêpungkur //

lungane mung sangu bêras sithik / ana pasar didol / pêpayone kanggo nêmpur manèh / banjur didol ngarah bathi sithik / tindak ngono kuwi / karo mlaku têrus //

sabên pasar masthi ditêkani / nanging ora mandhok / rina wêngi sasat tanpa lèrèn / wis anjajah desa milangkori / ning sing digolèki / ya durung kêtêmu //

kacarita Wanajaya tilik / têkan ngomah mlênggong / anak bojo uwis lunga suwe / mênyang ngêndi anggone golèki / tôngga ditakoni / padha ora wêruh //

saya ngêrês barêng dikandhani / apa sing kalakon / ngrumasani ing kaluputane / biyèn mula aku sing marahi / mulane ya iki / ukume wong blilu //

kêpenake bêcike saiki / aku kudu manggon / ora kêna lunga saka kene / omah kana didol bae uwis / susah dilakoni / idhêp-idhêp laku //

dak sêsuwun bok ya nêmu bêcik / sokur bisa klakon / besuk bisa padha kumpul kabèh / lara lapa padha dilakoni / anggêre lêstari / têkan anak putu //

[Iklan]

lêlakonku sing wis dak lakoni / kêna kanggo ngilo / kanggo pèngêt anak putu têmbe / kang supaya slamêt gone urip / kudu ngati-ati / aja kaya aku //

barang gawe dipikira dhisik / iku kanggo waton / yèn wis maton lagi ditindakke / dadi gampang anggone nandangi / wohe bisa bêcik / ora bakal gêtun //

Wanajaya tumuli miranti / tata-tata ênggon / ngatur omah ing sakapenake / pacurine uga dirêsiki / sawise miranti / banjur mikir butuh //

butuhe mung mikir awak siji / dadi ora repot / malah bisa turah pamêtune / omahe wis didandani bêcik / ora nguciwani / pirantine cukup // Ana candhake.

--- 958 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI

[Grafik]

Katêtêpakên dados Dirfecteur Dep. Economische Zaken. Inginggil punika gambaripun Tuwan H.J. van Mook. Hoofdamtenaar ing Dep. Economische Zaken, ingkang katêtêpakên dados directeur Dep. E.Z. anggêntosi kalênggahanipun Tuwan Mr. G.H.C. Hart.

Postpaarbank. Gunggunging arta ingkang dipun cèlèngi ing Postpaarbank wiwit Januari dumugi ing wulan Mèi 1937 wontên f 11.083.745.- ugi kapetang arta celengan sêkolahan f. 34.150.-. Dados wêwahing arta celengan wontên f 2.687.625.-Ing pêpetangan wau buku ingkang kawêdalakên wontên 28.128, ingkang dipun bayar wangsul 15.136, dados cacahipun mindhak f. 12.992.

Angsal-angsalanipun Jaarbeurs ing Bandung. Jaarbeurs ing Bandung ing taun punika kawontênanipun katingal dipun ajêngakên dening rêrigêning para kawogan, amargi kala taun kapêngkêr kathah ingkang nacad. Wusana pinanggihipun inggih majêng yêktos. Angsal-angsalaning arta f. 40.189.80, kapetang mindhak f 7000.- tinimbang taun kapêngkêr.

Angsal-angsalaning tram ing kawan golongan. Pêpetanganing angsal-angsalanipun tram ing kawan golongan ing wulan Juni, tumrap: S.C.S. f 271.000.-. Ing Juni taun kêpêngkêr wontên f 176.000.-. S.J.S f 114.000.-, Juni taun kêpêngkêr f 94.000.-. O.J.S. f 44.000.-, Juni taun kêpêngkêr f 42.000.-. Sêrayudal-Stoomtram Mij. f 29.000.-, Juni taun kapêngkêr f. 21.000.-. Gunggungipun sadaya salêbêting wulan Juni kapêngkêr wontên f 458.000.-, Juni taun kapêngkêr f 333.000.-. Dados indhakipun f 125000.-.

Dr. Sutomo sêsorah wontên Sêmarang. Dr. Sutomo, Voorzitter Centraalbestuur Parindra mêntas ngawontênakên sêsorah ing Sêmarang, manggèn ing gêdhong Sobokarti. Ingkang dipun wêdharakên ing bab kawontênan ing Jêpan tuwin Eropa ingkang pinanggih ing kalanipun Dr. Sutomo tindak lêlana. Sêsorah wau tumuju dhatêng para warga Parindra, minangka angsal-angsal.

Congres Sangkara Mudha. Benjing tanggal 7 dumugi 9 Augustus ngajêng punika, pakêmpalaning para darah karaton Ngayogya ingkang nama Sangkara Mudha, badhe ngawontênakên congres, manggèn ing sociteit Hoa Kiau ing Ngayogya.

H.B.S enggal. Pawartos ing bab badhe wontênipun H.B.S. ing Ngayogya, saèstu badhe kalampahan. Miturut dhawuh saking Departement Pangajaran, bikakipun wiwit tanggal 1 Augustus ngajêng punika, kawiwitan saking klas 1, manggènipun nunggil A.M.S afd. A. Ingkang dados directeur Dr. J. Schouten.

Nanggulangi sêsakit wit jêram. Sampun sawatawis wulan tanêman jêram ing Pujon tuwin Malang katrajang ing sêsakit. Bab punika lajêng katindakakên panulakipun sarana walirang. Dumugi sapunika tanêman jêram ingkang dipun tamani jampi sampun wontên 20.000 wit, katingalipun sagêd mitulungi. Dumugining waradin sadaya bokmanawi ngantos wulan December ngajêng punika.

Jampi ingkang ambêbayani. Pulisi ing Surabaya mêntas gledhah dhatêng toko jampi Tionghoa Seng Tong Ban ing Jagalan, jalaran sadhe jampi mawi ciri Calomel ingkang nyatanipun sublimaat. Jampi wau sampun katamakakên ing tiyang ingkang salajêngipun dados sakit sangêt lajêng kabêkta dhatêng C.B.Z. Ing toko ngriku pinanggih wontên jampi kados makatên wau 9 dhus. Salajêngipun pulisi sagêd manggihakên ingkang gêgayutan kalihan babagan jampi punika. Wusana lajêng dados papriksan panjang.

Munduring pamêdal klapa. Miturut wartos, Gupêrnur Jawi Wetan manggalih bab munduring pamêdal klapa. Sarêng nindakakên paniti, wontên ingkang munduripun wau jalaran saking kaparag ing ama. Nanging wontên ugi ingkang munduripun jalaran wijining klapa (cikal) botên milih ingkang sae. Bab punika badhe dipun titi yêktos sabab-sababipun.

Kantor advocaat ing Surakarta. Ing sapunika Mr. Ali Sastraamijoyo bikak kantor advocaat wontên ing Surakarta, minangka panging kantor ing Madiun. Dados ing Surakarta wontên kantor advocaat tiyang siti tiga, Mr. Singgih, Mr, Suyudi, tuwin Mr. Ali.

Majênging S.S.O/L. Miturut pèngêtan, S.S. ing Jawi Wetan pinanggih saya majêng. Dumugining têngahipun taun punika cacahing têtiyang numpak wêwah 80.000, angsal-angsalaning arta mindhak f 180.000.-, tinimbang kala taun 1936. Tumrap barang-barang momotan mindhak 30.000 ton, angsal-angsalaning arta mindhak kirang langkung sayuta rupiyah. Jalaran saking indhaking momotan wau, S.S. angindhaki gêrbong 25.000, ingkang sabên gêrbong ngêwrat 10 ton. Indhaking momotan punika botên ngêmungakên jalaran saking barang-barang dagangan, ugi jalaran saking ngêmot prabot-prabot kabudidayan. Tumrap pabrik gêndhis wontên 120.000 ton, tumrap kabudidayan parêdèn 2000 ton, tuwin tumrap pabrik pathi pohung 12.000 ton.

Pamêdal kapuk ing tanah ngriki. Tuwan Isida, bangsa Jêpan ahli babagan kapuk, mêntas saking tanah Indoe tuwin Siam saha sampun dumugi ing Surabaya. Dhatêngipun ing Surabaya wau pancèn dipun wêlingakên dening para sudagar kapuk, ing Jawi Wetan, pêrlu ngrêmbag bab punika. Awit saking katranganipun Tuwan Isida, ing tanah wetan punika cocog kangge tanêman kapuk, pamêdalipun badhe sagêd ngêjori pamêdal saking tanah Indu.

--- 959 ---

Bab pananggulang panêmpuh saking gêgana. Awit saking gêlênging rêmbagipun burgemeester ing Bêtawi, Bandung tuwin Surabaya, supados gemeente botên kawajibakên dening parentah ngawontênakên waragad kangge nanggulangi panêmpuh saking gêgana, amargi sami kêkirangan arta.

Bal-balan lurugan saking Tiongkok. Sawung-sawung bal-balan Nan Hua saking Tiongkok sampun campuh wontên ing Bêtawi ingkang kapisanan kalihan combinatie S.V.B.B./Vios. Kawêkasanipun 5-1, unggul Nan Hua. Angsal-angsalanipun arta f 2000.- langkung.

[Grafik]

Ahli jogèd bangsa Hindu. Ing sisih punika ngêwrat gambaripun t. Nataraj Vashi salah satunggiling bangsa Hindu ahli jogèd ingkang ing sapunika nuju lêlana dhatêng tanah Jawi pêrlu anjêmbarakên kasagêdanipun jogèd, saking tanah Jawi badhe dhatêng Bali. Sadumugining tanah Jawi ingkang dipun jujug rumiyin ing Ngayogyakarta, nyinau jogèd Jawi ing Krido Bêkso Wiromo ingkang dipun tuntun dening G.P.H. Tejokusumo.@Wontên ing Museum Sonobudoyo t Nataraj Vashi amitongtonakên jogèdipun Hindu, ingkang namung dipun gamêli sarana kêndhang, kathah para priyantun ingkang sami mriksani. Sasampunipun lajêng katimbalan Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kadhawuhan njogèd wontên kêdhaton. Wusana minangka tandha kapararênging panggalih dalêm, pinaringan gangsa.@Ing sapunika t. Nataraj Vashi nuju wontên Surakarta, saha kawartosakên ugi sampun mitongtonakên jogèdipun wontên ing dalêm Kusumayudan, dipun adani dening pakêmpalan Mardi Guno. Jogèd Indu ingkang kapitongtonakên wau sagêd nênarik panggalihipun para ahli bêksa, saha lajêng sagêd nimbang-nimbangakên dhatêng raos kaalusaning jogèd.

Kangge kabêtahaning pamulangan ing tanah ngriki. Miturut wartos, kalêmpaking arta ingkang kangge pisungsung pikramèn dalêm Raja Putri Juliana taksih tirah f 48.000.- Awit saking kaparêng dalêm Raja Putri Juliana, arta wau kaparingakên kangge ambiyantu "Prinses Juliana Stichting", minangka bandhanipun. Saking kaparêng dalêm K.T. Ingkang Wicaksana angangkat ingkang dados warga pangrèhing Stichting, inggih punika: 1 Pangarsa: Prof. Dr. Husein Jayadiningrat, warga Raad Indiya. 2 Artaka: Tuwan M.H. Woutman, President Factorij. 3 Panitra: Tuwan F.A.H. Claessen, leeraar middelbaar onderwijs. 4 Warga-warganipun: Dr. P.J.A. Idenburg, Directeur Pangajaran, Tuwan H.A. van Loghem, residhèn ingkang kabantokakên Gupêrnur Jawi Kilèn.

Jalaraning kèrêmipun kapal Van der Wijck. Raad voor de Scheepvaart ing Bêtawi sampun ndhawahakên karampungan prakawis kèrêming kapal Van der Wijck. Raad anêtêpakên bilih jalaran kasangsaran wau, saking wontên jandhela ngandhap ingkang botên dipun tutup tuwin botên dipun jagi. Lêlampahan makatên wau nêrak tatananing lampah layaran. Kalêpatan punika angèngingi dhatêng stuurman klas 1 Tuwan J.J. Hermse, kapatrapan paukuman kagantung kalênggahanipun tigang wulan. Kaptin Akkerman dipun anggêp botên kalêpatan, kaluwaran.

Tiwas jalaran dipun jêdhil untunipun. Sampun sawatawis dintên wontên tiyang nama Moh. Noor anjêdhilakên untunipun dhatêng tiyang tukang jêdhil wontên ing pêkên Jêmbatan Lima, Bêtawi. Sasampunipun dipun jêdhil, rainipun lajêng abuh, saha kêpêksa lajêng jêjampi dhatêng griya sakit, kawêkasanipun tiyang wau tiwas. Pulisi lajêng madosi tiyang tukang jêdhil untu wau, dèrèng pinanggih.

EROPA

Juru anggêgana Roes. Kawartosakên, juru anggêna Roes Chkeloff, Beidukoff tuwin Belakoff, ingkang nyobi anggêgana saking Moskou dhatêng Amerika langkung Pool lèr, sampun dumugi Amerika wilujêng. Salajêngipun sampun wangsul numpak kapal Normandie dumugi Le Havre. Dumuginipun ingriku dipun pêthuk dening wêwakil Sovyet ing Parijs tuwin sanès-sanèsipun, kathah ingkang sami tumut ngurmati.

ASIA

Kasangsaran ing parêdèn Himalaya. Miturut wartos, tumrap lampah anginggahi rêdi Himalaya ingkang dipun tindakakên dening bangsa Jêrman, saha ingkang sampun kawartosakên kasangsaran, punika miturut pawartos ingkang kantun saking Paul Pouwe ahli minggah rêdi, mayit-mayitipun ingkang sami kasangsaran botên sagêd kapêndhêt, amargi sami kurugan ing salju, ingkang kandêlipun kirang langkung 3 m. Warganing golongan nginggahi rêdi wau wontên kalih ingkang kêtulungan, inggih punika Dr. Luft tuwin Dr. Krauss. Sadumugining papan pakèndêlan sagêd pimanggihpinanggih. kalihan kuli-kuli ingkang sami ambêkta barang-barang. Anggèning ngrekadaya badhe ngangkati mayit taksih kalajêngakên.

Kapal pêrang Siam. Pabrik kapal ing Kawasaki, Jêpan, sampun ngandhapakên kapal pêrang damêlan ngriku piyambak, wêlingan saking Siam. Kapal wau panjangipun 75 m, wiyaripun 13 m, rikating lampahipun 15.5 mil ing dalêm saêjam.

--- 960 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy

78

Sanadyan Sêr Blakêne sayah sangêt, punapadene sariranipun sakojur kraos gêrah jalaran dipun pisakit dening para prajuritipun Sopêlin, ewasamantên astanipun ingkang sakalangkung kiyat, taksih sagêd ambopong sang putri kadosdene barang ingkang ènthèng kemawon.

Salajêngipun sarêng Sêr Andre lampahipun ngantuni sawatawis têbih, Sêr Blakêne tuwin sang putri lajêng sami rêrêmbagan upyêk, ingkang tumrap kalih-kalihipun adamêl marêming panggalih. Ing sarèhning anggènipun rêrêmbagan wau namung kalisikan kemawon, saya malih ing kala punika botên wontên angin babarpisan, amila rêmbagipun inggih botên sagêd kamirêngan ing sanès.

Jalaran saking rênaning panggalihipun, Sêr Blakêne ngrumaosi bilih sayah tuwin gêrahing sarira, sampun ical babarpisan. Ing môngka mênggah sajatosipun, marginipun ngambah ing sela karang ingkang lancip-lancip saha landhêp, ewasamantên Sêr Blakêne tanpa mamang tuwin tanpa uwas-uwas, malah tindak têrus kanthi ambêkta boponganipun ingkang sakalangkung dipun aji-aji wau.

Sadumuginipun ing papan ingkang dipun tuju, inggih punika ing susukan ingkang dunungipun abên ajêng kalihan Tanjung Grisnis, srêngenge sampun wiwit malêthèk. Botên têbih saking ngriku sampun wontên baita tembo ingkang angêntosi. Sarêng Sêr Blakêne aparing sasmita, sanalika punika baita wau lajêng anyakêti. Sasampunipun Sêr Blakêne tuwin ingkang garwa punapadene Sêr Andre sami minggah ing baita wau, lajêng kalampahakên nuju dhatêng kapal agêng.

Antawisipun satêngah jam malih, sadaya wau sampun sami sagêd minggah ing kapal. Sadaya têtiyang kapal, ingkang sampun sami nyumêrêpi mênggah ingkang dados wêwadosing bêndaranipun sarta ingkang sami trêsna tuwin sêtya, sami botên kagèt tuwin gumun, dene bandaranipun angagêm busana ingkang nganèh-anèhi punika.

Dene Arman Sinjus, sarta para miruda sanèsipun ingkang ing kala punika sampun sami wontên salêbêting kapal, tansah angajêng-ajêng rawuhipun satriya ingkang sampun angluwari sariranipun saking bêbaya wau. Nanging Sêr Blakêne botên lajêng tumuntên amanggihi para ingkang sami angajêng-ajêng wau, malah lajêng enggal-enggal lumêbêt ing kamar pasareanipun piyambak. Dene ingkang garwa kapasrahakên dhatêng ingkang rakanipun piyambak, inggih punika Sang Arman.

Mênggah kawontênanipun ing salêting baita, punika sadaya sarwa èdi lan sarwa pèni, kadosdene ingkang sampun dados kasênênganipun Sêr Blakêne. Dene mênggahing Sêr Blakêne piyambak, nalika baita dèrèng ngantos dumugi ing palabuhan Dhopêr, sampun miyos malih saking kamaripun, sarana mangagêm agêm-agêman ingkang sarwa sae lan sarwa endah, kadosdene pakulinanipun manawi wontên ing kitha Londhên. Awit sanadyan wontêna ing kapal pisan, Sêr Blakêne ugi sadhiya agêm-agêman sae ingkang anyêkapi.

Ingkang sêmunipun ragi rêkaos sawatawis, punika mênggah agêm-agêmanipun sang putri, amargi tamtunipun, wontên ing salêbêtipun kapal ngriku botên anyadhiyani agêm-agêman putri. Nanging, bawanipun sang putri punika satunggiling wanita ingkang endah ing warni dhasar prasaja, sampun narimah ngagêm mantol ingkang sagêd nutupi sariranipun sakojur. Ingkang makatên punika adamêl bingahing sadaya ingkang sami wontên ing baita wau.

Salajêngipun, kados botên prêlu kacariyosakên langkung panjang malih. Sadaya ingkang sami nandhang susah tuwin rêkaos wau, ing wusananipun sami amanggih kabêgjan tuwin kamulyan ingkang tanpa upami.

Minôngka panutuping cariyos punika, kados ing ngriki prêlu kacariyosakên sawatawis, bilih kala kramanipun Sêr Andre kalihan putri Susanah, ingkang angwontênakên pahargyan agêng-agêngan sarta ingkang ugi dipun jênêngi dening panjênênganipun pangeran pati Inggris, ingkang dados sêsêkaring para putri ingkang sami endah ing warni punika, botên sanès kajawi: Lèdhi Margarèt Blakêne. Dene ingkang kakung, Sêr Blakêne, angagêm busana, ingkang tansah dados rêmbag ing saindênging kitha Londhên, jalaran saking èdi lan endahipun.

Kados pantês ugi dipun pèngêti, bilih ing pahargyan wau, agèning republik Pêrancis, pun Sopêlin, ingkang padatan mêsthi anjênêngi kalamôngsa wontên pahargyan ing Inggris, ing wêkdal punika, botên wontên. Tamat.

--- 117 ---

No.30, taun VIII

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM

RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK.

LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN

MANGSULI LAYANG

Sri Wulan p/a R. Joyodiharjo Gep. Ind. Arts. Tuban. Kirimanmu layang isi resept dhaharan wis daktampa kanthi bungah.

Suwarti p/a M. Nartim Sudirawinata, Kasêgêran, Cilongok post Ajibarang. Aku wis tampa layangmu kang isi karangan lêlucon, ora liya bangêt panrimaku.

Kustienah p/a Ass.-Wedono Sawangan, Munthilan. Suwarti kang adrèse katulis ing dhuwur iki kêpengin têpung karo kowe, nanging njaluk yèn dhangan atimu, supaya kowe nglayangana dhisik.

Suharja, Surabaya. Bangêt panrimaku kokirimi layang isi lêlucon, cangkriman lan caritamu bab culik, aku uga wis mangêrti. Mula culik iku ana têmênan, nanging saiki P.P.P.P.A. kang lagi anjaga bangêt.

Amien Sumari lan Muh. Sugih p/a Sunondo, juru tulis Griffier Landraad Pathi. Wiyose, aku wis tampa layangmu lan kirimanmu karangan warna-warna, dolanan, lêlucon, dêdongengan, ora liya bangêt panrima lan bungahku.

Sumbarti, Bumiayu. Bangêt sênêngku barêng aku tampa layangmu têtêpungan. Aku rujuk bangêt, dene kowe arêp milu urun ngisèni T.B.

R. Subroto, Kadipiro, Ngayogyakarta, lan Asminah, Prambanan. Lêluconmu wis daktampa, bangêt panrimaku. Asminah, aja pisan dadi atimu, dene lêluconmu ora bisa kapacak, yèn kobêr gawea liya manèh sing luwih apik.

Seno, Klathèn. Aja pisan dadi cuwaning atimu, ya, karanganmu ora bisa kapacak, sarta kowe aja cilik atimu, nanging coba gawea dêdongengan liyane sing lucu-lucu utawa nêngsêmake kanggo bocah-bocah, samono yèn kowe kobêr.

SisiSiti. Joharin, Pringgokusuman, Ngayogya. Dakpadhakake karo ananing Taman Bocah, bokmanawa saking akèhe karangan-karangan, mula karanganmu kanggo Dj. W. durung kapacak. Mula ya sing sabar bae Siti, mêngko yèn wis mangsane macak duwèkmu, rak ya dipacak. Wondene yèn nganti lawas bangêt ora kapacak-kapacak, ya tandha ora kanggo. Karangan-karangan mau rak kudu dipriksa kabèh, dipilihi êndi sing apik êndi sing ora.

Sumardi Kacangan, Salêm. Di gawea têmbang Dhandhanggula sing têtêmbungane seje, aja mung araning gunung-gunung bae, kurang apik.

Sri Sondari H.I.S. I, Têgal. Layangmu isi lêlucon wis kêtampan, nanging aja pisan dadi atimu ora bisa kapacak, awit kurang apik. Coba gawea manèh ya Sri, sing lucu-lucu.

Warnani p/a Abon. No. 2975. Walikukun. Bangêt panrimaku kokirimi layang isi lêlucon.

Tisna Mudsungkawarti, Magêtan. Wah ya sênêng bangêt aku duwe kêponakan kowe. Aku kokon mbadhe sêkolahmu, la apa bisa, ya mêsthine luput, Tis! Apa kirane kowe sêkolah Huishoudschool, Tis. Sêkolah apa ya! Tis! Jênang candhi Bu Mar durung tau mangan, kaya apa ya rasane? Dadi iku karêmanmu, e, kojur, mêngko yèn Bu Mar mara dhayoh nang nggonmu, la banjur jênange diadhêp dhewe, ora nguman-umani ibune. Besuk kapan kowe nglayangi ibumu manèh?

Sularja, Batavia-Centrum. Sarèhne karêpmu wis mantêp, nêrusake sinau monteur schrijfmachine, ora liya aku mung muji kabula apa kang dadi panuwunmu.

Suroso, Tg. Garbus, Medan. Lêlucon lan cangkriman wis daktampa kabèh kanthi sênêng.

Hadiyah p/a R. Maryana Mantri Boschpolitie Pêngarasan. Bangêt bungahku kowe mêrlokake ngirimi layang têtêpungan lan uga ngirimi karangan têmbang sinom.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu mar.

--- 118 ---

LÊLUCON

Guru: "Min, kapriye kramane dhus wadhah sabun?"

Murid: "Nda wadhah sabun, pak guru."

Guru: "Lo kapriye kok... nda, he?"

Murid: "La... k, wêdhus kramanipun menda, dados dhus nggih nda."

__________

Ibu: "Mar, yèn wêruh kandhaa wêruh, yèn ora ya ora, bukune ana ngêndi? Aja sok mangsuli, êmbuh, yake."

Marti: "Olèku kandha yake ana ngêndi ta bu?"

Ibu: "La dhèk didangu bapak mau awan kae."

Marta: "Ya, yake."

Warnani, Walikukun.

Klèntu tampi.

Bêndara: "Man, layange sing nyang nggone Bu Mar apa wis kok cêmplungake bus?"

Batur: "Sampun ndara, malah sarêng kula cêmplungakên busipun lajêng mlampah."

Ora gêlêm apa mula bodho.

Bapak: "Sarijan, layang iki lêbokna bus, sing rikat ya!"

Sarijan: "Inggih, pak."

Limang mênit manèh.

Bapak: "Lo kok rikat, kok lêbokake bus ngêndi?"

Sarijan: "Kula lêbêtakên bus ngajêng piyambak."

S. Broto.

__________

Ana wong wadon kêpengin nonton kêmidhi. Ing kono dhèwèke takon marang sing adol karcis. Wangsulane: "Klas 1=f 1,50, klas 2=f 1,-, klas 3= f 0,50, lan programma sêkêthip."

Wong desa: "Yèn ngono aku daknyewa programma bae sing murah."

Saharja, Maspati 2/94, Surabaya.

__________

Tati: "Dhik Ni, kowe kok isih ngompol bae."

Nani: "Isih cilik ya ngompol."

Tati: "Isih cilik doyan lombok."

Nani: "Wis gêdhe kok."

Tati: "Wis gêdhe ora sêkolah, besuk bèn ora bisa maca, dongènge Bu Mar, sing nang T.B."

Nani: "Sêkolah kêsêl-kêsêl, nèk nang sêkolahan ora mangan-mangan, ora ngombe-ngombe."

Tati: "Bèn, nèk ora gêlêm sêkolah takaturake Bu Mar, nang Bêtawi kana, bèn dislênthiki."

Nani mangsuli kalihan mèmblèh-mèmblèh, badhe nangis, amargi mirêng têmbung badhe pun slênthiki, lajêng mangsuli: "Êmoh, Bu Mar nakal, aku arêp sêkolah bae." Sadaya lajêng sami nggujêng.

Suwarti, Kasêgêran, Purwokêrto.

Batangane cangkriman ing tanggal 3 Juli.

I. Murya,

II. Payung.

III. Ringgit.

IV. Sukabumi.

Sing bênêr kabèh pambatange: K.S. Penjol Malang, Sutini p/a Dirjapranoto Panêmbahan Ngayogya, Suratman p/a L.K. 87 Bêgalon Surakarta, Dahlan p/a Harjosubroto Tayu, Timan p/a M. Gunanto, Wonorêjo III/44 Surabaya, Amien Sumari Pathi, Moch. Sugih.

Dolanan.

Upami saupama / sêkolahku gêlis bisa / ya bapak ya dara / maca Jawa maca Landa / etung nulis rupa-rupa aksara / Mur mêk mur me rujak pace kurang gula / bapak ba bungahe sibu ba bungahe / wong pintêr akèh gunane / hureeeeee! //

Amien Sumari, Pathi.

[Grafik]

Gambar kang kacêtha ing dhuwur iki, gambar wayang wong cilik, kang padha dadi murid-murid H.I.S. lan 2e Inl. School ing Rêmbang, dipanggêdhèni dening guru Inl. School M. Sukaryo.

Cantrik cilik dhewe iki umur 6 taun, sêkolah H.I.S., arane Jus-Jês, lucu bangêt lan pintêr njogède. Ing Rêmbang ana kumpulan wayang wong 3, sing loro priyayi sêpuh-sêpuh, sing siji wayang cilik. Durung suwe wayang gêdhe mau mêntas kagêbyagake kanggo dêrma T.B.C., wah sing nontong akèh bangêt. Ing kono obral guyu tênan, ora ana wong ora ngguyu, saking lucune.

--- 119 ---

SINOM PAMITRAN

Hamba angaturi priksa / dhatêng para kanca sami / samya ngaturi têpangan / dhatêng Bu Mar kang ngêmbani / Taman Bocah puniki / supadosa sampun nganggur / samya ngarang dongengan / kangge urun angisèni / wontên Taman Bocah ing Bale Pustaka //

Anggêr karangan prayoga / kenging kangge angisèni / tumrap wontên Taman Bocah / mêsthi Bu Mar amarêngi / ugêr botên nylênèhi / mumpung taksih sami timur / tan gadhah kabêtahan / sampun sok sami njajani / luwung kangge tumbas postblad tuwin briefkaart //

Datan wontên alangannya / tumrap kanca kula sami / kenging kangge dêdongengan / yèn pinuju libur sami / kangge ndongèngi adhi / saya wêwah bingahipun / kadhatêngan kadangnya / kang sampun ndhèrèk nglêbêti / Taman Bocah kang kathah dêdongengannya //

Ibu bapak mêsthi bingah / awit kang putra nglêbêti / Taman Bocah kang utama / kadang kula kang kêkalih / pêmbajêng lan wuragil / ugi badhe tumut-tumut / ngaturi pitêpungan / lan badhe ndhèrèk ngintuni / dêdongengan ingkang lucu cêkak-cêkak //

Yèn para mitra kawula / sampun nyobi angaturi / pitêpangan dhatêng Bu Mar / sagêd bingah trus ing batin / rak kêpengin ngaturi / karangan kang lucu-lucu / kula sampun angarang / Bu Mar ugi amarêngi / sagêd bingah manah kula dhatêng Bu Mar //

Amung punika tur kula / botên sagêd malih-malih / awit botên pangajaran / amung kangge anglêlantih / lan kangge ngulir budi / sampun pisan dèn gêguyu / awit ngarang dolanan / botên sagêd têmbung kawi / mawi têmbung cara kawula piyambak //

Hamba nyuwun pangaksama / dhatêng para mitra sami / sadaya kang sami maca / mugi jêmbar ing panggalih / kula angrumaosi / awit karangan ing dhusun / yèn Bu Mar amarêngna / kangge Taman Bocah ugi / karangan kula pun Hadiyah Limbangan //

__________

RECEPT DHAHARAN.

Mêrtega 1/2 pond + 2 sendhok dhahar. Gêndhis lambat 1/2 pond + 2 sendhok dhahar. Glêpung 1/2 pond + 2 sendhok dhahar. Tigan ayam 9, kismis 1/4 pond, amandhêlên 1/2 pond, sodha 1 sendhok tèh, lisah citrun 1 sendhok tèh.

Pangolahipun: Mêrtega lan gêndhis dipun ulêg ngantos pêthak, lajêng tigan tiga-tiga sapêthakipun. Manawi sampun, lajêng glêpung, kismis, rajangan amandhêlên kalêbêtakên lajêng dipun êpan.

Opgerolde koek.

Gêndhis pasir 1/2 pond, glêpung 1/2 pond, mêrtega 1/2 pond, tigan ayam 15, vanille 1 potong.

Pangolahipun: Mêrtega lan jênening tigan kaublêg, ngantos pêthak, lajêng gêndhis kalêbêtakên, lajêng pêthakipun tigan (ingkang sampun kaublêg) ing glêpung kalêbêtakên lajêng dipun lètrèk wontên lèngsèr, lajêng dipun êpan. Manawi sampun matêng kaleledan gelei, lajêng dipun iris-iris.

Kaagyes.

Trigu 1/2 pond, mêrtega 1/2 pond, jênening tigan 6, gêndhis pasir sacêkapipun. Dipun waradinakên lajêng dipun glintiri, lajêng kaêpan. Manawi sampun mambêt kaêntas.

Ari Wulan, Tuban.

--- 120 ---

CRITANE ANTÊPING JAKA.

(Candhake)

Sajrone Radèn Sujana ngêndikan karo Kyai Sudagar, nganti nglalèkake ing sakabèhe, apa manèh ananing wayah, ora ngêrti, jêbul wis sore.

Kyai Sudagar tumuli enggal-enggal pamitan, amarga wêdi kawêngèn ana ing dalan, sarta manèh yèn tanpa aral, saguh bakal sowan manèh ing liya dina, mungguh kang dadi prêlune, kêjabane tilik, ya kêpingin diparingi piwulang bêcik, kênaa kanggo muwuhi kawruh lan panglipur.

Barêng Kyai Sudagar wis têkan ing omah, sêpi nyênyêt ora ana swaraning manungsa, amarga batur-batur lagi padha ngasokake sayahe ana ing buri, ing kono bisa ndadèkake witing panlangsa, nanging barêng kèlingan apa pangandikane bêndarane, panlangsa mau ora bisa suwe. Sawise Kyai Sudagar olèh pitutur saka Radèn Sujana, sadina-dinane bisa nyambut gawe kaya adat sabêne. Sanajan owah ya sawatara, ora kêbangêtên, samono uga ananing panguripan.

Kacarita Si Sucipta ana ing pasuwitan tansah diumbar ing sakarêpe, awit bêndarane kakung putri padha uninga mungguh ing kasusahaning abdine. Anggone mangkono jalaran saka ngeman bangêt mênyang abdi kang mituhu. Ananging Si Sucipta dhasar bocah mêngêrti, diêmong dening bêndarane, panyambutgawene ora digawe sêmbarangan, malah saya dipêrdi lan diati-ati bangêt, mulane bêndarane saya wuwuh katrêsnane marang Si Sucipta.

Ninggal kutha panggonane dhewe.

Sajrone Si Sucipta ana ing pasuwitan, kira-kira wis ana 2 taun lawase, sasuwene nindakake pagawean ora ana kang ndadèkake duka utawa rênguning pênggalihe bêndarane, nanging tansah ndadèkake lêganing pênggalih.

Anggone sêkolah Si Sucipta wis klas 7, lan wis kurang 3 sasi anggone mêtu sêkolahe. Saiki dhèwèke tansah mikir, apa sakirane arêp nêrusake sêkolahe, la nèk ora kuwate, gèk kêpriye kang dadi rekadayane. Mungguh ing gagasane Si Sucipta mangkene: Dina Ngahad ngarêp, yèn bêndarane sêkalihan marêngake, arêp tilik bapakne. Mungguh ing prêlune sing têmênan, ora diaturake sabênêre, jalaran wêdi yèn nganti ndadèkake dukane bêndarane, mulane mung dibatin bae.

Sawuse têkan ing titimangsane, saulihe saka pamulangan, mêrlokake matur apa kang dadi prêlune marang bêndarane, uga diparêngake. Wusana sawise ngrampungake pagawean, lan gêgawane wis cumawis, nuli mangkat.

Lakune Si Sucipta ora kacritakake; satêkane ing omahe, bapakne mbênêri lungguh ing ngarêpan, disambi nata dagangane. Kyai Sudagar barêng wêruh anake têka, bungah bangêt, nanging ya uga kagèt, jalaran anduwèni panggagas, yèn anake mau jalaran saka kèlingan nyang êmboke, banjur ninggal gawean sakarêp-karêpe, nganti ndadèkake dukane bêndarane.

Sawuse bage-binage Si Sucipta nuli kandha apa kang dadi panggagase, mangkene:

Bapak, anggonku mêtu sêkolah wis kurang têlung sasi, saiki kapriye mungguh karêpe bapak? Apa kirane bapak kuwat mragadi, upama aku mbacutake sêkolahku mênyang Bêtawi? niyatku arêp mbacutake sêkolah Mulo.

Wangsulane bapakne: "Sucipta, pancèn biyèn mula sing dak gadhang-gadhang ya mung kowe bisaa mbacutake sêkolahmu lan bisaa cêkêl gawe. Sukur bangêt yèn kowe duwe niyat mêngkono, sabisa-bisa bakal dakwragadi. Anggonku nglakoni kangelan dagang, ora liya ya mung kanggo mragadi kowe, supaya bisaa bêcik tinêmune. Mung sing dadi anak bae, kudu sing nrima, prihatin lan bêcik lakune."

Si Sucipta bungah bangêt, dene bapakne ngrujuki kêkarêpane lan uga nglilani arêp lunga saka kuthane, mênyang Bêtawi. Esuke Sucipta mulih mênyang pasuwitan manèh. Satêkane ing kono, bab niyate Si Sucipta, sanajan wis olèh palilahe bapakne, ya mêksa ora gêlêm tumuli ngaturake dhisik, isih dibatin bae, jalaran saupamane tumuli diaturake, bisa uga andadèkake cuwaning panggalihe bêndarane, rumasa arêp ditinggal karo abdine.

Têlung sasi manèh têkan ing titimangsane Si Sucipta mêtu saka pamulangan lan uga olèh katrangan kang mêrtandhani wis tamat pasinaone, rupa diploma. Sadurunge abdine mêtu saka pamulangan, Radèn Sujana wis tansah mênggalih abdine, yèn pancèn bocah mau isih kêpengin têrus pangudine kawruh, arêp dilantarake supaya bisa nêrusake sêkolah mênyang kutha kang gêdhe.

Anuju sawijining dina, wayah sore kira-kira jam 7, Radèn Sujana kakung putri nuju lênggahan ana ing pêndhapa, disambi ngunjuk wedang, nuli nimbali abdine sarta dingêndikani mangkene: "Sucipta, rèhning sêkolahmu wis tamat, karêpmu saiki kapriye, apa arêp dibacutake?"

Wangsulane Sucipta: "O, ndara, kula namung ndhèrèk kêrsa panjênêngan. Saupami tiyang sêpuh kula sagêd mragadi, kula inggih badhe nglajêngakên. Sapunika kula namung ngêntosi kadospundi dhawuh panjênêngan." (Ana candhake).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Buku babaran enggal

Babad Pathi

Nyariyosakên babadipun tanah Pathi wiwit jaman karaton Pajajaran ngantos dumugi jamanipun Panêmbahan Senapati ing Mataram. Ingkang dados lajêring cariyos mêmêngsahanipun adipati ing Paranggarudha lan Carangsoka, lajêng kasambêtan mêmêngsahanipun Adipati Jayakusuma ing Pathi lan Panêmbahan Senapati.

Adipati Paranggarudha lan Adipati Carangsoka sami badhe bêbesanan. Adipati Paranggarudha gadhah anak jalêr nama Radèn Menak Jasari kalamarakên putri Carangsoka nama Dèwi Rayungwulan. Panglamaripun katampèn. Nanging dumugining damêl, Radèn Jasari botên èstu dhaup, jalaran Dèwi Rayungwulan kasmaran dhatêng dhalang Sapanyana ngantos kêlampahan mbibarakên damêl. Dhalang Sapanyana kalihan sadhèrèkipun èstri kêkalih dados bujêngan, nanging sagêd oncad, ngungsi dhatêng Radèn Kêmbangjaya ing dhusun Banthèngan.

Adipati Paranggarudha botên trimah, lajêng nglurug pêrang dhatêng Carangsoka. Dadosing pêrang Adipati Paranggarudha kawon, sirna dening Radèn Kêmbangjaya, dene Radèn Menak Jasari ugi pêjah ing pêpêrangan kapupu dening Sapanyana. Bibar pêrang Radèn Kêmbangjaya kadhaupakên kalihan Dèwi Rayungwulan. Sapêjahing marasêpuhipun, Radèn Kêmbangjaya gumantos dados adipati, sêsilih nama Jayakusuma. Kitha kapindhah dhatêng dhusun Kêmiri, kanamakakên Pasantênan. Nalika Adipati Jayakusuma kagantosan dening putra kakung, nagari kaêlih malih, lajêng nama Pathi.

Sarêng jaman Pajang ingkang dados pangagêng ing Pathi nama Ki Panjawi. Dèrèng ngantos pêjah Ki Panjawi sampun dipun gêntosi anakipun ingkang nama Jayakusuma lan ingkang kadhaupakên kalihan rayinipun Panêmbahan Senapati.

Jaman Panêmbahan Senapati punika, tanah Jawi kadhatêngan Baron Sêkèbêr saking nagari Walandi, njujug ing Mataram badhe nêlukakên Panêmbahan Senapati, nanging kasoran anggènipun ngabên kadigdayan kalihan Panêmbahan Senapati. Baron Sêkèbêr lajêng badhe martapa ing rêdi Muria. Sadèrèngipun martapa alambangsari kalihan tiyang èstri ing dhusun Kêmiri. Tiyang èstri wau lajêng nurunakên anak kêmbar, kanamakakên Janurwenda lan Sirwenda. Lare kalih punika dados punakawanipun Adipati Jayakusuma. Sakawit sangêt kinasihan, nanging sarêng kasumêrêpan yèn sami gadhah kadigdayan lan kasumêrêpan yèn anakipun tiyang ingkang gadhah kajêng ingkang mbêbayani, lajêng dipun pêjahi dening sang adipati.

Saking pamrayoginipun pandhita ing Kandhuruan, Adipati Jayakusuma ndhatêngi pratapan ing rêdi Muria ngabên kasantikan kalihan Baron Sêkèbêr. Baron Sêkèbêr kasoran, lajêng têluk, malah saking isinipun lajêng malih dados kapal ngawula dados tumpakanipun sang adipati, kanamakakên Juru Taman. Nanging sarêng kauningan dening Panêmbahan Senapati, Juru Taman lajêng kapundhut dhatêng Mataram. Ing batos Adipati Jayakusuma botên rila, mila botên sowan dhatêng Mataram.

Wontên ing Mataram Juru Taman badhe malês ukum dhatêng Panêmbahan Senapati, badhe nyidra garwanipun, nanging dèrèng ngantos kalampahan lajêng kenangan, wusana kapêjahan.

Nalika rêdi Pandhan wontên kraman, Panêmbahan Senapati ngrawuhi, prêlu nyirêp kraman wau. Adipati Jayakusuma kadhawuhan ndhèrèk. Kraman sagêd sirêp. Panêmbahan Senapati pikantuk boyongan putri kêkalih, kapundhut sadaya dhatêng Mataram. Wusana Adipati Jayakusuma saya sêrik, lajêng saya botên purun sowan, ngantos kinintên badhe balela. Dangu-dangu Panêmbahan Senapati rawuh ing Pathi kalihan nganthi wadyabala. Adipati Jayakusuma mêthukakên, lajêng bôndayuda ijèn-ijènan kalihan Panêmbahan Senapati. Wusana Adipati Jayakusuma pêjah katumbak. Sapêjahipun Adipati Jayakusuma ingkang kaangkat nggêntosi dados adipati ipenipun ingkang sêsilih Pangeran Ariya Panjaringan.

Babad Pathi babaran enggal punika ngronce lan muyêg, jalaran nyariyosakên lêlampahan warni-warni. Lajêng cariyos: mêmêngsahanipun Adipati Paranggarudha lan Adipati Carangsoka sarta cêngkahipun Adipati Jayakusuma lan Panêmbahan Senapati, kasêlanan lêlampahan warni-warni ingkang ugi nyariyosakên tiyang sami têtandhingan utawi bêngkrikan. Nanging sanadyan makatêna, cariyosipun botên bosêni, malah mindhak-mindhaking lêlampahan wau ngindhakakên saening cariyos. Jalaran sadaya wau runtut gandhèng-gandhèngipun, sarta satungal-satunggalipun mawa isi: mawi grêgêt gêgambaranipun gêsang, saèstu nêngsêmakên. Sarta malih sanadyan sadaya wau kadhapuk ing sêkar, basanipun cêtha lan prasaja, jumbuh lan dêdongenganipun. Kasêrat mawi aksara Latin, supados dados waosanipun para sêpuh lan para anèm.

KANDÊL 116 KACA, RÊGI MIRAH SANGÊT, NAMUNG f 0.50

Wêdalan: BALE PUSTAKA, Batavia-Cèntrum.