Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Rangsang Tuban, Padmasusastra, 1912, #516

Katalog:Rangsang Tuban, Padmasusastra, 1912, #516
Sambung:-

Rangsang Tuban

--- 0 ---

Sêrat Rangsang Tuban

Sêrat Rangsang Tuban, nyariyosakên lêlampahanipun pangeran kêkalih ing nagari Tuban, ajêjuluk Sang Pangeran Warihkusuma sarta Sang Pangeran Adipati Anom, Warsakusuma, ngantos satamating cariyos. Pêthikan saking Sêrat, Wedhaparaya, anggitanipun Êmpu Manêhguna ing nagari Lamongan

Kaanggit dening Ki Padmasusastra

Tiyang mardika ingkang marsudi kasusastran Jawi ing Surakarta

Nalika taun 1900

Kaêcap wontên ing pangêcapan N.V. Budi Utama ing Surakarta 1912.

--- 1 ---

Ing nagari Tuban, wontên ingkang jumênêng nata binathara, ajêjuluk Prabu Sindupati, agêng karatonipun, angrèhakên para ratu ing ngatas angin, ing bawah angin, sang prabu tansah angêlar jajahan, misuwuring asmanipun angèbêki jagad, para ratu sami suyud sumawita botên kalayan kagêbag ing pêrang, anggêpipun sami ambathara. Sang prabu nêngênakên kaprawiran, mila ingkang para abdi sami ulah kasampurnaning kawruh pêrang, aji jaya-kawijayan, kadigdayan lan kanuragan, sami têguh-timbul, botên wontên ingkang têdhas tapak paluning pandhe sisaning gurinda, limpad ing wiweka sugih gêlar panangkêping satru sêkti botên kanyanan ing mêngsah, sumêrêpipun sampun kasèp kalêbêt ing byuha kalawêrit, angèl wênganipun, kontaping kaprawiran, kasudiran sarta kawêgiganing pasang gêlar wau: adamêl mirising para ratu ingkang dèrèng sami kawêngku ing jajahanipun nagari Tuban. Garwanipun sang prabu sangang dasa sanga, nanging putranipun namung kêkalih sami kakung, ingkang sêpuh mijil saking garwa pangrêmbe turasing pandhita, kaparingan nama Radèn Warihkusuma, ingkang anèm miyos saking garwa padmi putrining ratu, kaparingan nama Radèn Warsakusuma, punika ingkang ginadhang anggêntosi karatonipun ingkang rama, radèn kêkalih [kêka...]

--- 2 ---

[...lih] rukun anggènipun saduluran, radèn sêpuh sangêt momong dhatêng ingkang rayi, sarta ajrih asih narimah ing pandum ingkang sampun dados lêrêsipun jumênêng pangeran agêng dados wêwêngkuning praja. Radèn anèm sangêt trêsna saha rumêngkuh agêng gunganipun dhatêng ingkang raka prasasat dhatêng ingkang rama, mila jumênêngipun pangeran adipati botên adamêl kêmeronipun dhatêng ingkang raka, saking ingkang rayi rumaos kawêngku dhatêng ingkang raka.

Sang prabu sangêt pirêna ing galih anguningani rukunipun ingkang putra anggènipun saduluran, acipta badhe botên wontên sambekala ingkang dhumawah dhatêng putra: bilih sang prabu sampun murud dhatêng têpêtsuci.

Jumênêngipun sang prabu antawis pikantuk 50 taun, dumugi yuswa 75 taun, nandhang gêrah sarira sadaya, sang nata karaos badhe puput yuswanipun, ingkang putra sami ingandikan, wontên ing dagan sami angujungi sampeyanipun ingkang rama sarta sami lara karuna sumêrêp netyanipun ingkang rama sampun asawang kunarpa, ingkang rama angandika lirih: Kulup sakarone gêrah ingsun kaya wus ora waluya dening usada, ingsun bakal tumêka ing pati, sira sakarone dibêcik sapungkur ingsun, sang pangeran tansah sami carocosan, sang prabu mapat lajêng [la...]

--- 3 ---

[...jêng] seda, tangis gumuruh salêbêting pura, sang pramèswari sarta para garwa pangrêmbe sami rêmpu ing galih koncatan sihing raka kados coploking sêsotya saking êmbanan.

Sang pangeran kêkalih lajêng matah bab upakartining layon, botên dangu sampun samapta, sang prabu lajêng kaangkatakên kalayan pakurmatan agêng, kasarèkakên ing astana nunggil para lêluhuripun.

Tidhêming praja antawis, 7 dintên, karsanipun Sang Pangeran Warihkusuma ingkang rayi Sang Pangeran Adipati Warsakusuma kaangkat jumênêng ratu anggêntosi ingkang rama suwargi, kalampahan mawi pakurmatan agêng sarta mawi kajênêngan para ratu ingkang nunggil jaman kalihan sang nata, misuwuring asmanipun sang prabu sairib lan ingkang rama, pikêkahing praja ingkang dados tanggulanging mungsuh sêkti namung Sang Pangeran Warihkusuma.

Kacariyos Sang Pangeran Warihkusuma dèrèng mawi krama, kagungan pacangan sangkaning timur kalêrês sadhèrèkipun nak-sanak piyambak saking bibi, kala samantên dèrèng diwasa, sapunika sampun nêdhêng birai, karsanipun sang pangeran badhe nglamar dhatêng ing rêdi, pamit dhatêng ingkang rayi sang prabu, nyariosakên karsanipun wau punika, awit botên namung wajibipun ing agêsang [agê...]

--- 4 ---

[...sang] mawi krama, ingkang langkung pêrlu angestokakên piwêlinging kaki sang pandhita ingkang sampun murud dhatêng ing jaman kailangan, yèn pinacang sangkaning lare kalihan Endhang Wrêsti sutaning Umbulmudal, patutan saking endhang sadhèrèking bibi. Sang prabu sarêng midhangêt yèn ingkang raka badhe palakrama sakalangkung pirêna ing panggalih, lajêng adhêdhawuh karsa ngaturakên piyambak ing tindakipun ingkang raka sang pangeran, mêthuk Endhang Wrêsti dhatêng ing rêdi, tiyang sapraja otêr sami tata-tata.

Tindakipun sang pangeran kalihan ingkang rayi sang prabu dhatêng ing rêdi Mudal, adamêl orêging têtiyang sapraja sami kapiluyu tumut andhèrèkakên dhatêng ing rêdi ngiras ningali, sakathahing bala ambalabar ngantos angèbêki papan, sanadyan ing jurang-jurang kêbak tiyang, ing Mudal awutahan tiyang sapraja kados nagari dadakan, Kyai Umbul sampun nampèni dhawuh rumiyin ing tindakipun sang pangeran sakalihan ingkang rayi sang prabu, sarta sampun nyuwêngakên griya manggèn ing gandhok, lajêng tata-tata saha sampun mirantos, ing griya dipun pajang linungsir ing gêgodhongan wanan, lunging pakis lan pradapaning angsoka winor lan soglènganing sêkar pudhak, tuwin mayanging jambe kinarawistha kinubêngakên minôngka têtawing utawi palisiring [palisir...]

--- 5 ---

[...ing] pinarakanipun sang prabu lan sang pinangantèn, kongasing ambêtipun rêrêngganing pinarakan kados wontên ing jaman limunan kadhatoning êjin pêri parayangan, saka-saka sami kapasangan têtuwuhan, cêngkiripun gadhing tinulis ing kênaka luru gambaripun Kumajaya lan Dewi Ratih, tarubipun sami kinayu apu ing gêgodhongan sarta lunglungan tuwin sêsêkaran ingkang wangi-wangi.

Rawuhipun sang prabu sarta sang pinangantèn katingal pirêna ing galih, Kyai Umbul gurawalan mêthuk kalihan semahipun sami makidhupuh ngalosod ing siti, sang prabu marma ing galih lajêng kinèn andhèrèk ing tindakipun. Rawuhing pêpajangan lênggah kalihan ingkang raka sang pinangantèn, kaadhêp ing Kyai Patih Toyamarta, kiwanipun Kyai Umbul, lajêng para nayaka ingkang sami andhèrèk, tarab wontên ngarsanipun sang prabu. Kyai Umbulmudal matur, Gusti: Kawula rumaos bêgja karawuhan ratu pituruning dewa badhe aparing nugraha dhumatêng kawula, kawula kamipurun ngaturakên kasugêngan paduka, saha raka paduka sang pangeran, sêmbah kawula konjuk ing pada paduka sang binathara.

Sang prabu, Paman: bangêt tarimaningsun, sira apa padha basuki. [ba...]

--- 6 ---

[...suki.]

Umbulmudal, Kawula nuwun gusti, saking pangèstu paduka: basuki.

Sang pangeran, Paman Umbul: pun Rara Wrêsti sampeyan dhawahi. marak ing ngarsanipun yayi prabu, nunggila bibi wontên ing ngriku, ngarah punapa sadhèrèk piyambak, yayi prabu dèrèng nate uninga dhatêng warnane yayi Wrêsti.

Ing pagêdhongan, anggènipun pêpacangan sang pangeran kalihan Endhang Wrêsti sampun sangkaning timur, dhasar sadhèrèk nak-sanak, mila sampun aprasêtyan yèn sang pangeran badhe botên krama ing salami-laminipun bilih botên dhaup kalihan Endhang Wrêsti, makatên ugi Endhang Wrêsti. Sang pangeran sabên wolung dintên sapisan tindak ing Mudal, angendhang-endhangi pêpacanganipun, mila ing kalih-kalihipun sampun saekapraya sami kasok sihipun, kalampahanipun namung kantun ngêntosi diwasanipun Endhang Wrêsti kemawon, ing mangke badhe dhaup, dumugi ingkang sampun dados pangajêng-ajêng ing salami-laminipun.

Nyai Umbul mundur saking ngarsanipun sang prabu anjujug ing têpas wangi dununging panyêngkêranipun ingkang putra, sang dèwi sawêg dipun [dipu...]

--- 7 ---

[...n] alub-alubi kablonyo ing gônda wida jêbad kasturi, kalulur sariranipun, dhatêngipun Nyai Umbul, sang rêtna mingsêr anggènipun lênggah. Nyai Umbul êntyarsaning galih ningali sampurnaning citranipun ingkang putra: sarwi ngandika, dhenok, kowe ditimbali marang wong atuwamu ingandikakake ngadhêp sang prabu, awit sang prabu durung uninga marang kowe.

Sang ayu kagèt ing galih midhangêt pangandikanipun ingkang ibu Nyai Umbul, sarwi matur: kakang mas pangeran punapa sampun anglilani.

Nyai Umbul, sing dhawuh akon seba ing sang prabu iku: iya kakangamu sang pangeran.

Sang rêtna ajrih maoni karsanipun ingkang raka, nanging botên karsa ngadi busana, namung ngagêm nyamping patêlêsan sêmbagi kuning wêdalan ing Kustasawit kalihan rasukanipun, tinutup ing paniti botên katingal kasêmêkanipun, namung wêninging jôngga kawuryan sumorot apindha thathit, prêmbayunipun katingal sawêg gumana saking kapathêt ing rasukan, kocaking netra pindha lintang karainan, dhasar sêsinomipun barèh kados mêntas wungu saking sare, tindakipun mucang kanginan, kicating pada gumêbyar pindha andaru lêlampah. Sang prabu aningali [a...]

--- 8 ---

[...ningali] citranipun sang kadi ratih, tumratab ing galih riwe kumyus amarawayan, cêkak ingkang uswasa sêrêt ingkang pangandika, brôngta kasabêt ing sambang putri dadakan, sang rêtna lajêng marak ing ngarsanipun sang prabu wontên kiwanipun ingkang ibu ragi kapering, têlênging tingal namung dhatêng ingkang raka sang pangeran, dhasar sampun kulina akula-kuli sinêmbuh sadhèrèk piyambak, wah sampun apêpacangan timur mila, botên pisan kabrèbèl dhatêng sang prabu. Sang prabu sami sanalika asantun cipta gênging dhatêng ingkang raka, rumaos kasoran kabagusanipun, dene sang putri botên pisan nimbangi pêthuking ciptanipun, malah karsa tumingal kemawon, sang putri: botên.

Cinêkak sang prabu sagêd angecani sarak galihipun ingkang raka: yèn lajêng badhe kondur tulak, botên sagêd angêntosi badhe pikramènipun ingkang raka, amargi sariranipun karaos wontên ingkang kirang sakeca, sang pangeran namung nyumanggakakên sakarsa, nanging wontên ingkang kacathêt ing galih. Sang prabu lajêng adhêdhawah kondur, wadyabala busêkan pating bilulung kathetheran, awit botên ngintên yèn sang prabu tulak kondur, namung kyai patih bijaksana sumêrêp dhatêng wêwadining karsanipun sang prabu ingkang botên lêrês, mila botên tumut tata-tata, [ta...]

--- 9 ---

[...ta-tata,] badhe ngantun kemawon, botên dangu sang nata bidhal, kaatêrakên ingkang raka dumugi ing kikising dhusun: lajêng wangsul, tindakipun sang prabu dumugi pôncaniti: lajêng sinewaka, nimbali kyai patih: kaunjukakên taksih kantun ing margi, sang prabu sangêt duka lajêng nimbali senapatining pêrang Ki Tumênggung Jalasêngara, kadhawuhan wangsul dhatêng ing dhukuh Mudal, saha wadyabalakuswa, kinèn nyêpêng Sang Pangeran Warihkusuma sarta Kyai Umbul sagotrahipun, griyanipun kadamêla karang abang, amargi sang pangeran tinarka balela ing ratu, lajêng winêling wêwadining karsanipun sang prabu.

Ki Tumênggung Jalasêngara sampun tampi ingkang dados karsanipun sang prabu, sanadyan nyimpang saking lêrês, ki tumênggung namung badhe angestokakên dhawuh, nêtêpi kasenapatènipun, katêmpuhakên ing rêdi sela amêsthi botên mundur, mêngsah satru sêkti punika ingkang tansah dipun cêcadhang. Ki Tumênggung Jalasêngara sawadyabala kuswa kêbut nulak bidhal wangsul dhatêng ing dhukuh Mudal, samargi-margi galak kados danawa môngsa daging, namung apunagi pêjah ing rana, anêtêpi trahing wirotama, amargi ing batos ki tumênggung rumaos awrat anglampahi dhawuhipun sang prabu wau, kajawi botên kolu mêngsah gustinipun piyambak,

--- 10 ---

pancèn rumaos botên kaconggah nyêmbadani sang pangeran, awit Sang Pangeran Warihkusuma sêkti môndraguna, sagêd mancala putra mancala putri manjing ajur ajèr, lêmbat kagunanipun pêrang, tangèh kasumêrêpan wêwadining pamasange gêlaripun ing yuda. Awratipun kapiji ing ratu sarta sampun dados wajibing senapati, ki tumênggung namung badhe soroh pati, lêpas lampahipun.

Gêntos kacariyos ing padhukuhan Mudal, sapêngkêripun sang prabu: sang pangeran kirang sakeca ing galih anggènipun sang prabu ningali dhatêng Dèwi Wrêsti kados mambêt manah. Ing wanci sontên badhe dhauping pangantèn, usrêg swaraning têtiyang nyambut damêl, têtingalan warni-warni, sêsuruhan ing wanci pukul tiga siyang sampun wiwit dhatêng. Carabalèn sarta Kêbogiro umyang botên wontên kèndêlipun, sang pangeran sampun wiwit dipun dandosi saagêm-agêmaning pangantèn, nanging salêbêting galih tansah mangu-mangu kèngêtan ringasing pasuryanipun ingkang rayi sang prabu nalika nulak kondur, bokmênawi anuwuhakên bêbêndu saking kacuwan karsa, dèrèng dumugi panglocitaning panggalih kasaru gègèring jawi alok wontên mêngsah dhatêng sarta sampun adamêl pêpati kathah, senapatining pêrang Ki Tumênggung Jalasêngara. [Jala...]

--- 11 ---

[...sêngara.] Sang Pangeran Warihkusuma botên karsa adamêl karisakaning ingkang para abdi mila wani pêrang, kajawi karoban lawan, lingsêm mêmêngsahan kalihan ingkang rayi piyambak arêbat rabi, mila lajêng nutut kemawon, pasrah dhatêng pêpêsthèning sariranipun, dhatênging senapati dumrojog tanpa larapan, sang pangeran lajêng kaawêran cindhe: tanpa suwala, sarta lajêng kadhèrèkakên kondur dhatêng nagari, kalêbêtakên ing warangkan, Kyai Umbul sagotrahipun kaboyong kadalêmakên, namung sang juwita ingkang lajêng kalêbêtakên ing kadhaton, punika ingkang dados parênging karsanipun sang prabu, ananging taksih kandhêg rikuh ing galih bilih ingkang raka dèrèng kasedanan, sumuking duka sangsaya sangêt, kyai patih kadangu punapa sampun dhatêng panusule ing tindakipun, kaaturakên yèn kyai patih botên nusul, malah lajêng mantuk kemawon, punika sangsaya amêwahi dukanipun sang prabu, rumaos dipun waoni karsanipun dhatêng kyai patih, kurmukusing netya andik pasuryanipun abrit ngatirah mawinga-winga wêngis kados bêl mêdal dahana, sang prabu dhawuh kinèn nimbali kyai patih enggal-enggal, sarênga salampahipun.

Kyai patih ingkang bijaksana, saunduripun saking Mudal anguningani [a...]

--- 12 ---

[...nguningani] tindakipun sang prabu amurang niti, gêla ing galih suwita ing ratu ambêk niaya têgên anglampahi kanisthan, namung pados jalaran sagêda kèndêl pangastanipun pusaraning praja, kasaru dhatêngipun utusan, kyai patih katimbalan enggal-enggal. Kyai patih botên gita, lajêng sowan kèrid lampahipun utusan, dumugining pasewakan sang prabu taksih lênggah lajêng ngandika: uwa patih, sira lumakua dhewe marang warangkan, kakangmas Pangeran Warihkusuma: sedanana, awit ingsun wis midhangêt têrang saha ature abdiningsun kêkasih yèn kakangmas cidra ing jangji malik tingal sumêdya balela marang panjênênganingsun, lumakua saiki dikêbat.

Kyai patih ewa ing galih, anginggihi dhawuhipun sang prabu kalihan angangên-angên punapa ingkang badhe linampahan, lajêng matur: gusti, kados prayogi raka paduka dipun sedani wontên ing wana, supados botên kadêngangan ing para abdi kathah, ical suwuripun wêntala paduka kolu nyedani sadhèrèk, kawula piyambak ingkang badhe anglampahi dhawuh paduka wau.

Sang prabu lômba ing galih kinintên yèn kyai patih badhe ngestokakên sadhawuh, amarêngakên sapanuwunipun kyai patih. [pa...]

--- 13 ---

[...tih.] Dhawuhipun sang prabu: iya uwa patih, kakangmas sedanana ana ing alas bae, sarta banjur sarèkna ana ing kono pisan, awit trahing kusuma kang wus nêmu dosa ora kêna têtunggalan lan para lêluhure kang minulya, yèn wis kalakon bae sira anglapurna, sarta angkatira anggawaa prajurit sagêgamane kang saparo, minôngka pakurmataning lakune kakang mas.

Aturipun kyai patih: sandika, sarta lajêng bidhal anjujug ing pawarangkan, sang pangeran pinanggih lênggah sidhakêp ingadhêp abdinipun kêkalih, namung angajêng-ajêng punapa ingkang dados karsanipun ingkang rayi sang prabu. Kyai patih lajêng andhawuhakên timbalanipun sang prabu yèn sang pangeran kapundhut pêjah gêsangipun, badhe kasedanan wontên ing wana, awit dosa balela ing ratu saking aturing têlikipun sang prabu. Sang pangeran anglês ing galih dene badhe kasedanan, sarta dipun lokakkên dosa balela ing ratu, sêrêt pangandikanipun: uwa, punapa sampun sampeyan manah têrang kalihan para nayakaning praja anggèn kula tinarka balela ing ratu, sarta pinanggih ing pangrêmbag punapa kula kalêrês kokum.

Kyai patih, pangandikanipun sang pangeran punika nama amêrangi [amê...]

--- 14 ---

[...rangi] tatal, samukawis ingkang sampun kula tindakakên, langkung malih ingkang kula lampahi piyambak, punika sampun mêsthi mamimawi. pikiran padhang, botên mutatuli, botên awuran.

Sang pangeran, uwa, punapa sampeyan kalintu tampi ing atur kula: mokal, kula punika botên pisan maoni agêngipun mrêngkang saking wisesaning nagari ingkang katindakakên dhumatêng uwa, namung kula nyuwun sumêrêp dununging kalêpatan kula sarta punapa sampun lêrêsipun dhumawahing kukum pati.

Kyai patih, benjing bilih sampun dumugi ing ênggèn pangisasan putra kula badhe sumêrêp kalêpatan ingkang kapitakèkakên ing putra kula wau, sapunika dèrèng mangsanipun, sarta putra kula badhe botên amastani lêpating panindak kula.

Kyai patih kanthi nayakaning praja saha wadyabala andhèrèkakên ing tindakipun sang pangeran kabêkta dhatêng ing wana nitih titihan taksih kaawêran cindhe, têka malah amarasêmu kados pangantèn binayang karya, dados têtingalaning kathah, ingkang sumêrêp prakawisipun sami kapiluh amarawayan wêlas ningali dhatêng sang pangeran anggènipun badhe kasedanan tanpa

--- 15 ---

dosa. Galihipun sang pangeran kados rinujit, botên ajrih bab ing sedanipun, namung kèngêtan dhatêng ingkang rayi Dèwi Wrêsti, katon mêloking wadana kocaking netra èsmu balut, kala kapisah dadakan, karuna samargi-margi, parêntuling luh kados intên rinonce, tètèsipun tansah adamêl kêpyuring galihipun sang pangeran, ciptaning galih dipun awratakên rudahing galihipun sang putri tinimbang kalihan pêcating nyawanipun.

Cinêndhak lampahipun kyai patih sampun dumugi têngahing wana, sang pangeran tumêdhak saking titihan, lajêng dipun rangkul dhatêng kyai patih sarta tinangisan, sang pangeran botên andungkap ingkang dados karsanipun kyai patih salêbêting galih, lajêng ngandika: uwa, sampun kados wanodya kula mawi katangisan, mindhak anênangi manah susah, kula sampun lilah ing pêjah kula, suwawi tumuntên sampeyan lampahi dhawuhipun yayi prabu.

Kyai patih sêrêt amangsuli: anggèr prakawis karsanipun ingkang rayi sang prabu ingkang botên lêrês, punika sampun kula manah akalihan kônca kula nayaka wêwolu sarta sampun pinanggih ing pambudi, kênthêling rêmbag, putra kula botên kasedanan, [kase...]

--- 16 ---

[...danan,] namung kesaha saking wêwêngkonipun nagari Tuban, angêntosana karsaning dewa ingkang dhumawah dhatêng putra kula, dene tangis kula wau têka kula kêpêksa pêpisahan.

Sang pangeran midhangêt pangandikanipun kyai patih rumaos awrat oncatipun saking nagari Tuban, bingah nêmahi seda saking botên dosa, nanging botên sagêd nampik utawi maoni karsanipun kyai patih, sang pangeran lajêng anglugas raga bablas tindak anut paraning suku, pêngkêran kalihan kyai patih wangsul dhatêng nagari.

Kocap sapêngkêripun kyai patih, sang prabu botên sagêd nahan brangtanipun dhatêng Endhang Wrêsti, lajêng kondur angadhaton, karsanipun badhe angimur-imur rujiting galihipun Endhang Wrêsti, ananging Endhang Wrêsti botên kenging cinêlakan tansah angasta patrêm, punaginipun sang dèwi: samôngsa sang prabu cêlak amêsthi rinangsang ing patrêm, parêkan sampun wontên ingkang atur uninga ing tekadipun sang ayu, sang prabu mênggah ing galih ewadene lajêng dipun coba kêpanggih sang putri saking katêbihan sarwi ngandika: yayi, aja kêdawa-dawa rujiting atimu, tolèhên aku ratu binathara angêsrahake pati urip marang kowe, aku narima dadi êmbanmu. Sang putri amangsuli nyêngit [nyê...]

--- 17 ---

[...ngit] pêdhês cumalêkit sarta botên krama, têmbungipun: kowe têtêp ratu gêlah-gêlah ing jagad, ora idhêp ing isin, watêkmu manggan, kolu matèni sadulur arêp ngrasuk marang pêpacangane, kajaba yèn aku wis dadi bathang kêna kodêmok awakku, lah mara nyatane prawira tadhahana patrêmku, mêngko aku pondhongên. Sang prabu lingsêm mundur palarasan, osiking galih: kajaba mêngko bêngi bae yèn wis turu dak parêkane. Lajêng adhêdhawuh dhatêng bok êmban ingkang kinathik, sarta sampun tampi ingkang dados karsanipun sang prabu, angulat-ulatakên sang dèwi sampun ngantos kanyanan.

Sang putri sampun sakeca ing galih dene sang prabu botên nyiosakên karsanipun sarta sampun botên katingal malih ing kadhaton, mêmpên wontên ing panêpèn.

Sarêng sampun dalu wanci tidhêm kayon, sang putri kalêson sare wontên kasur sari. Tumuntên bok êmban ingkang amarasandi enggal lapur ing sang prabu yèn sang putri sampun sare, sang nata gita ing galih enggal rawuh ing pasarean, sarêng ningali sênêning wadana kasorot ing pandam kurung maya-maya kados murca kinêdhèpakên, sang nata botên sarèh, sang putri rinodapaksa, [ri...]

--- 18 ---

[...nodapaksa,] sapintên kuwating èstri winisesa ing kakung. Sang ayu saya anjarêm ing galih rumaos cinidra ing rêsmi, nanging namung kèndêl sarwi mawas sang prabu, sang nata uninga tansah winawas ing sang putri rumaos kapadhan ing karsa, supe bilih sang rêtna taksih angasta patrêm ligan, salêbêtipun sang putri rinangkul sarwi binantalan ing asta têngên, sang prabu dipun suduk ing patrêm kenging kêkulunging manah têrus ing walikat, seda botên mawi sêsambat, kasumêrêpan pawongan cèthi ingkang jagi pasarean sami anjrit karuna, otêr salêbêting kadhaton, sang putri botên mawi anggragap namung cipta badhe suduk jiwa samôngsa sampun nalarakên ing awone tindakipun sang prabu. Kasaru dhatêngipun kyai patih saking ing wana lajêng anjujug ing kadhaton, badhe lapur sarèhing dinuta, amêningi otêring pura yèn sang prabu seda kacidra ing sang putri. Kyai patih gita lajêng malêbêt ing kamar pinanggih sang putri taksih wontên ing tilam, nanging patrêmipun katingal sampun kawrangkakakên sumèlèh wontên ing ulon-ulon, sang prabu kuthah ludira wontên ing pasarean, kyai patih alon pitakèn dhatêng sang putri, têmbungipun: kadospundi dene putri adi têrahing pandhita têka nindakakên pandamêl rajapati ingkang angêrês-êrêsi [angêrê...]

--- 19 ---

[...s-êrêsi] makatên. Sang putri lajêng anggancarakên lêlampahanipun wiwit pêpacangan kalihan Sang Pangeran Warihkusuma saking karsanipun ingkang eyang sang wiku sarta sampun aprasêtyan kalihan upata sinêksèn ing dewa ingkang linuwih, wusana rinisak dening sang prabu kanthi ambêking rasêksa agoragodha nyimpang saking kautaman ngagêm tindak nistha mêksa tiyang lumuh, lan malih tega dhatêng sirnaning sadhèrèk, makatên pangandikanipun sang putri urut rèntès botên wontên ingkang kalangkungan, tètèh titih tatag adamêl eraming galihipun kyai patih, sasampunipun makatên: sang ayu pamitan lajêng badhe suduk sarira bela dhatêng Sang Pangeran Warihkusuma ingkang sampun kasedanan.

Kyai patih lêgêg ing galih midhangêtakên gancaring cariyosipun sang putri, lajêng ngandika: sang ayu sampeyan sampun bela dhatêng sang pangeran, awit sang pangeran botên siyos kula sedani, kula aturi kesah ing sapurug-purug. Dèrèng dumugi pangandikanipun kyai patih, sang putri anjrit karuna sarta lajêng badhe madosi sapurugipun sang pangeran, kyai patih mambêng, kasêrêpakên karsanipun ingkang winadi.

Kyai patih sarêmbag kalihan para nayaka yèn karaton ing

--- 20 ---

Tuban ing mangke kagantung wontên tanganipun kyai patih, angêntosi rawuhipun Sang Pangeran Warihkusuma, kyai patih lajêng amatah upakartining layon, sarta amatah wadyabala ingkang madosi sang pangeran, punapa dene nindakakên prakawis kridhaning praja, sang ayu dipun aturi têtêp têngga pura tuwin angluwari Kyai Umbulmudal dalah anak bojo lan kulawarganipun ingkang kinêbon kadalêmakên, sampun kalampahan sadaya.

Utusanipun kyai patih ingkang madosi Sang Pangeran Warihkusuma botên kalilan mantuk bilih dèrèng pinanggih sang pangeran, ananging karsanipun ing dewa ingkang linuwih sawêg kadamêl lêlampahan, pangupadosipun wadyabala wau sanadyan sinêbar mêksa botên sagêd pinanggih, amargi sang pangeran sampun lêpas lampahipun.

Gêntos kacariyos sang putri dados anggarbini, sarêng sampun dumugi mangsanipun ambabar miyos kakung, kasaosan nama dhatêng kyai patih: Radèn Udakawimba, kalawun-lawun agêngipun.

Kyai Patih Toyamarta wontên asrêpe galihipun sakêdhik, sarêng sang putri kagungan putra miyos kakung, ciptaning galih:

--- 21 ---

bilih utusanipun ingkang ngupadosi Sang Pangeran Warihkusuma sampun tita botên sagêd pinanggih, Radèn Udakawimba ingkang badhe kaangkat anggêntosi ingkang rama Sang Prabu Warsakusuma, sêdhêng Radèn Udakawimba sampun diwasa.

Gêntos kacariyos malih Sang PangènPangeran. Warihkusuma lampahipun ngidul ngilèn kados kinoncanging dewa ngantos dumugi ing nagari Banyubiru, ingkang jumênêng ratu ajêjuluk Sang Prabu Hèrtambang, misuwur prawira ing yuda, kathah têtêlukanipun ratu sami ngidhêp dhatêng nagari Banyubiru, sang prabu nêngênakên para brahmana kinèn nganggit-anggit babading karaton, kadhawahan anglugokakên lêlampahaning para lêluhuripun, awon sae kalêbêtna sadaya, dalasan cacadipun sang prabu piyambak inggih ugi kadhawahan anglêbêtakên, panggalihipun sang prabu: babad ingkang mawi rinêngga ing pêpaès badhe luntur dening dêrêsipun wasitaning sêrat ingkang sagêd ambikak wèwadining pulas ingkang sinamun, têmahan malicat katingal nyatanipun, ambalêntong dados andhêng-andhênging sarira, punika ingkang dipun kalumuhi sang prabu, panggalihipun sang nata: cariyos lugu punika kados sêmining kêkajêngan, katingal angrêsêpakên manah, nanging cariyos ingkang mawi sêsunggingan punika kados angganing [angga...]

--- 22 ---

[...ning] pang ingkang katêrês, alumipun katingal anyênyêngit.

Sang pangeran sampun pikantuk sêrêp bab lêlabuhanipun sang prabu cocog lan panggalihipun, karsanipun sang pangeran badhe suwita lajêng malêbêt ing alun-alun pepe wontên sakidulipun waringin kêmbar, sang nata pinuju miyos sinewaka wontên ing siti bêntar, awas tumingal yèn wontên tiyang sowan pepe, lajêng kadhawuhan nimbali, sang pangeran kèrid ing lampahipun, mabukuh lênggah wontên ngarsanipun sang prabu, trêpsila tajêm ing paningal, sêmunipun mêngku kasujanan, sang nata eram salêbêting galih ningali manising pamulu bagus jêtmika, narka yèn trahing kusuma, lajêng kadangu:

Bagea: sira kang lagi têka.

Kawula nuwun: gusti, ratu ingkang kuwasa ing dunya, mugi-mugi lulusa ing kawibawan paduka, nuwun: ingkang abdi kapatêdhan pambage.

Sira sapa, pinangkanira ing ngêndi, kang yoga marang sira: sapa.

Kawula nuwun, nama kawula pun Warihkusuma, wijil kawula saking ing pratapan laladaning nagari Tuban, biyung kawula sutaning pandhita.

Sang prabu nyathêt salêbêting galih yèn sudarmanipun winadi,

--- 23 ---

mila botên kalajêngakên pandangunipun ing bab wau punika, namung kadangu sêdyanipun, pangandikanipun: sêdyanira pepe apa ana karêpira kang wigati, sarta kêna sira pasthèkake yèn andadèkake dhanganing panggalih ingsun têtulung marang sira kang ora andadèkake karibêdan ingsun.

Kawula nuwun: Gusti, ratu kinawasa, ingkang abdi kamipurun anuwila gônda mênawi kangge ingkang abdi nyuwun suwita wontên ing ngarsa paduka.

Apa kang sira kêpengini dene sira duwe cipta suwita marang panjênênganingsun, ing kene panggonane wong bususukbuk,bêbusuk. beda karo nagaranira ing Tuban, akèh para sarjana kang nawurake kêkarangane tinulad para ratu, sanadyan ingsun iya nulad ing Tuban.

Gusti, kaluhuran dhawuh paduka, ananging ingkang abdi tuna ing budi sêpên kawruh, mila ngantos kesah saking ing nagari Tuban, jalaran tinampik ing pasuwitan kawula, kalampahana karaya-raya ingkang abdi ngantos dumugi ing ngarsa paduka ratu bijaksana bèr budi asih ing apapa dhapur angungsi gêsang.

Sang prabu miyarsakakên aturipun sang pangeran pirêna ing galih, lajêng jêngkar angadhaton, sang pangeran kakarsakakên [kakarsakakê...]

--- 24 ---

[...n] andhèrèk. Cinêndhak: pasuwitanipun sang pangeran: kanggêp, rintên dalu tansah wontên ngarsanipun sang prabu sarta tansah adamêl pirênaning galih, kathah kêkaranganipun sang nata ingkang karampingakên dhatêng Sang Pangeran Warihkusuma.

Salêbêting galihipun sang prabu: kamokalakên yèn Radèn Warihkusuma dedea têdhaking kusuma, katitik saking alusing bêbudènipun, wicaksana bèr budi bawa lêksana, mumpuni kasagêdanipun ulah praja sarta ulah pêrang, punapa dene limpad ing têmbung sampurna dhatêng wêwadining tulis, sarèhning wontên pêrlunipun ing atasing sariranipun sang prabu kêdah nguningani aluraning lêluhuripun sang pangeran, Radèn Warihkusuma kadangu: Warihkusuma, aja andadèkake kagèting atinira, ingsun kêpengin sumurup wong akuwaniraatuwanira. kang yoga marang sira, awit nalika sira ingsun dangu asal kamulanira: mung ngaturake kaki sarta biyungira bae.

Sang pangeran sakalangkung kagèt ing galih midhangêtakên pangandikanipun sang prabu, ngantos dangu kèndêl, ngangên-angên salêbêting galih, badhe matur kumbi: ajrih, badhe matur prasaja: bokmênawi sagêd andadosakên jalaran botên sayogining sariranipun, wusana pinanggih ing pambudi namung badhe matur

--- 25 ---

sawantahipun, bokmênawi sagêd pikantuk piwêlasipun sang prabu, lajêng matur: gusti, ratu ingkang misuwur ing jagad, ingkang abdi badhe ngêkêr wadi dhumatêng namanipun bapa kawula ing salami-laminipun, ananging ing mangke wadi wau pêcah awit saking pandamêl paduka ratu kêkasihing dewa, ingkang abdi botên sagêd kumbi, awit pêjah gêsang kawula katêkêm wontên ing ngasta paduka, kawula nuwun: bapa kawula punika dede tiyang pidakpadarakan, ratu agung binathara anyakrawati ambaudhêndha, ajêjuluk Maha Prabu Sindupati ingkang anggrênggani kadhaton ing Tuban, kawula punika anakipun jalêr ingkang sêpuh patutan saking endhang, anuntên adhi kawula putra saking pramèswari ingkang ginadhang anggêntosi kaprabon, sasugêngipun kangjêng rama kawula kaangkat dados pangeran agêng, adhi kawula kaangkat dados pangeran adipati anom, kawula sampun narimah ingkang dados pamintaning bapa, saha rukun anggèn kawula saduluran, tumuntên kangjêng rama seda, yayi pangeran adipati anom, kawula jumênêngakên ratu anggêntosi kangjêng rama, lêstantun botên wontên sangsayanipun, tumuntên kawula badhe palakrama angestokakên kêkudanganing kaki. Lajêng kaaturakên uruting lêlampahanipun sandening palakrama,

--- 26 ---

lajêng badhe katêlasan wontên ing wana ngantos dumugi suwita ing sang prabu.

Sang nata midhangêt aturipun Sang Pangeran Warihkusuma kamiwêlasên barêbêl waspanipun, jog tumêdhak saking pinarakan angrangkul dhatêng sang pangeran, sarwi angandika: pangeran kang kaya sira patut olèh piwêlas saka ratu kang wicaksana, anulungi kasrakatira saka papêsthèning dewa kang wus sira sandhang. Sanadyan ingsun ora kalêbu ing wêwilanganing ratu utama, nanging wênang uga mitulungi marang sira mêntase saka ing kapapanira, saiki sira sinêbuta ing akèh aran pangeran manèh, kalawan kaurmatan pantêsing pangeran putraning ratu sarta kalawan wêwênang lan kamurahan ingsun.

Sang pangeran lajêng sujud ing sampeyan saha amêmuji kaluhuranipun sang prabu.

Jumênêngipun Pangeran Radèn Warihkusuma wontên ing nagari Banyubiru kabyawarakakên ing akathah sarta kapiji angasta paprentahan agêng sampun botên nguciwani pisan-pisan, awit sang pangeran sampun kulina ngasta paprentahan agêng ing nagari Tuban, kasoksihipun sang prabu dhatêng Sang Pangeran Warihkusuma.

--- 27 ---

Kacariyos Sang Prabu Hèrtambang, putranipun namung satunggal putri dinama-dama dados sêkaring pura, ajêjuluk Rêtna Wayi, pinrêtêk ing piwulang kawruh pangrèhing praja sarta anggêr-anggêring nagari punapa dene kagunaning pêrang, sampurna dhatêng pamasanging byuha kalawêrit, awit karsanipun sang prabu: sanadyan putri ginadhang aggêntosi kaprabon, kathah para ratu ingkang sami ngêbun-êbun enjing anjêjawah sontên, nanging sami tinulak, awit kêkudanganipun sang prabu: ingkang putra kramaa satriya di ingkang wicaksana bèr budi bawa laksana, dadosa êmbananing karaton, sawontênipun Sang Pangeran Warihkusuma, sang prabu kagungan osik karsa mundhut mantu dhatêng sang pangeran, ing wanci sontên sang pangeran dipun timbali dhatêng ing panêpèn, sang pangeran gita anyana yèn wontên padamêlan pêrlu: lajêng sowan malêbêt, kaaturakên ing parêkan lajêng katimbalan, sang prabu pinarak ijèn wontên ing kamar panyêratan. Pangandikakanipun:Pangandikanipun:. Pangeran, apa sira sumurup kang dadi karsaningsun: nimbali marang sira.

Kawula nuwun, Gusti, namung sang Hyang Wisesa ingkang nguningani karêntêging galih paduka.

Sira apa durung tau rabi.

--- 28 ---

Kawula nuwun, têka mawi andangu ingkang makatên, kawula sampun nate ngaturakên lêlampahan kawula miwiti malah amêkasi kala kawula kadangu wontên ing kadhaton, sanadyan ngantos ing dintên punika, misik wanodya kemawon: nuwun dèrèng.

Sabab apa, lan ingsun durung kalalèn aturira biyèn marang ingsun.

Sababipun botên wontên kajawi namung saking tani kawula, kalih dene malih raosing manah kawula dèrèng sagêd angipatakên katrêsnan kawula dhatêng pêpacangan ingkang sampun lèngkèt wontên ing jêjantung.

Apa ora bakal mêndha ing salawas-lawase.

Sagêd ugi bilih wontên pitulunging dewa ingkang abdi sagêd pikantuk jodho ingkang timbang kalihan kaluhuran kawula.

Saupama dudu dewa: ratu kang paring pitulung marang sira.

Saèstunipun pantês mawi têtêbusan pêcating nyawa sarta wutahing rah kawula.

Pangeran: kalawan dhanganing atinira sarta condhong: sira bakal ingsun pundhut mantu dhewe.

Sang pangeran kagèt ing galih lajêng nyungkêmi sampeyanipun [sampeyanipu...]

--- 29 ---

[...n] sang prabu sarwi matur: gusti, pêpundhèn kawula, ratu pituruning dewa, ingkang abdi botên nyana kadhawahan rêmbulaning praja Banyubiru.

Pangeran: payo milua tindak ingsun marang kadhaton, ingsun surupake marang nini putri, aja kuciwa ing sêmu.

Sang prabu tindak ing kadhaton anjujug ing dalêmipun ingkang rayi sang pramèswari: sêpên, tindak ing kradenayon ing dalêmipun ingkang putra sang putri, sang prabu lajêng ing tindakipun, sang pramèswari sarta ingkang putra sumêrêp gupuh mêthuk rawuhipun sang nata: lajêng satata lênggah.

Sang prabu, sira ingsun golèki wis kêtêmu ana ing kene: lagi apa.

Sang pramèswari, kula nuwun, nglurug cuki kalihan putra paduka.

Sang prabu, tutugêna ingsun milu nonton, anjagowianjagoni (dan di tempat lain). (= anjagohi spr.) anakira.

Sang pramèswari, sumôngga.

Sang prabu, êlo aja kuwi: dhenok, sing kolakokake kuwe: lo.

Sang putri botên kangjêng rama, sampun lêrês, punika badhe

--- 30 ---

dipun caplok.

Sang prabu, o,o, iya bênêr sira.

Sang putri ngagêm nyamping padintênan sêratan angrèni (= anggrèni de Hollander) sampun masêm, kasêmêkanipun plangi wêdalan ing Indhu ngajêng tanpa rasukan, ngagêm rimong ngangrangan biru langit, sariranipun katingal pindha ulam kalêbêt ing jala, mênthar kados sêkar mlathi, baludaging prêmbayun kados anjêbolakên kasêmêkan ingkang minôngka setu bandalayu.

Sang pangeran tansah trataban ing galih sumêrêp warnanipun sang ayu, kathah iribipun lan ingkang rayi Dèwi Wrêsti, malah mênang sengoh sang putri andêmênakakên manah, rumaos marêm galihipun sang pangeran bilih saèstu kadhawahan rêmbulan ingkang sagêd cuki raosipun krapês-krapês kadonkados. kênthos, sang putri nolih mundhut gantèn pagut tingal lan sang pangeran sarêng kagètipun, (pancèn lairipun dèrèng dipun gêbyag) sang putri anglocita: baya kuwe wong kang dadi ojat gêdêring akèh: nyata bagus, emane mripate kaya kolik, nonton wong dupèh ora tuku bae, layak kangjêng rama asih, magang lagi sakênyèk bae banjur winisudha dadi pangeran, lah bok iya didadèkake tunggon ana ing kradenayon [kra...]

--- 31 ---

[...denayon] bae dhisik, cik bèn êntèk atine, tak garok tak lukokne ana ing pasêtrènku desa Tilamsari, supaya mari adol sêngung, wangune kumintêr ngêndêl-êndêlake baguse, aku gêthing têmên wong duwe pambêkan mêngkono kuwi, tur tak dadara kapintêrane: dadi awu pangalêmbana manèh olèha, sida lêstari dadi tunggon, dikira aku kiyi kaya dene putri lumrah kae, bisane mung wêdhak pupur, ora sumurup yèn aku lêbda marang ingêring jagad, baya dhèwèke ora kulak warta adol prungu yèn putrane sang prabu Hèrtambang ing Banyubiru ajêjuluk Dèwi Wayi, punjul ing apapak mrojol ing akêrêp, mancala putra mancala putri, bisa manjing ajur ajèr. Anua kae yèn nonton mêrak atine: iya kudu olèh pangapura sarta kudu olèh ganjaran gambarku kang cinawi ing kênaka luru, pirabara liniru kang ginambar, nanging aku gêmang.

Sang prabu sakêdhap nguningani paguting tingal ingkang putra sami kapadhanipun, sakalangkung pirêna ing galih, lajêng jêngkar saking kaputrèn kadhèrèkakên sang pangeran sarwi rêraosan samargi-margi ingkang rèmèh-rèmèh, sang pangeran lajêng kêlilan mundur.

Sang prabu saya kasok sihipun dhatêng sang pangeran amargi

--- 32 ---

tansah katitik kawicaksanan sarta kawasisanipun angrênbagangrêmbag. prakawising nagari, botên pae lan ingkang putra sang putri, pancèn sami pinrêtêg ing piwulang wiwit timur mila, panggalihipun sang prabu badhe lintu patra tôndha nama sumerening karaton botên dhatêng putra putri, sayogi dhatêng putra mantu bilih sampun kalampahan dhaup sarta sampun apêputra.

Awit saking punika lajêng kadhawuhakên waradin yèn sang pangeran kapacangakên ing sang putri sarta sang pangeran lajêng kaangkat dados pangeran adipati anom.

Cinêndhak botên antawis lami karsanipun sang prabu saèstu miwaha putra, mawi sêsuruhan para ratu ing amôncapraja, dumugining dintên pikramèn bawahanipun sakalangkung agêng, kyai patih sarta para niyakaning praja sami makajangan wontên ing alun-alun, laminipun kawandasa dintên, nutug sami suka parisuka, dhauping pangantèn sami kaèstrenan para ratu pinisêpuh, ing kadhaton kados jêbol-jêbola kêbak dening kathahing tiyang, wêwangi ing kadhaton kasabêt ing samirana sumilir wêdalipun angèbêki pasamuan, kados angin sugônda awor dhêdhaharan ingkang miraos kongas ambêtipun, adamêl rêsêping para tamu. Tumuntên sang prabu sarta sang pramèswari [pra...]

--- 33 ---

[...mèswari] punapa dene rara ratu sami kinabêktèn ing sang pinangantèn, sang prabu êntyarsa ing galih ningali ingkang putra sang pinangantèn kadugèn ing karsa rêmpu galihipun, putra namung satunggal putri dinama dama pikantuk kakung putraning ratu binathara, bagus tanpa cacad, dhasar wicaksana alus bêbudènipun, ing galih kados age-agea sèlèh kaprabon dhumatêng sang pangeran, sang prabu lajêng andumugèkakên kasukan kalihan ingkang para tamu.

Gêntos kacariyos ingkang wontên ing pêpajangan sang pangantèn kakung kados amanggih rêtna sawukir, dhasar ayu putrining nata ginadhang binadhe raja, sang pangeran sarèh ing galih, awit ingkang garwa mumpuni dhatêng kasusilan, sarta pinunjul ing guna kasantikan, botên kewran ing agal lêmbut dhasar lantip ing panggraita mêngku kasujanan, sang pangeran ngangkah-angkah angêmpakakên têmbung pamiluta manis amanohara. Dhuh gusti rêtnaning pura ingkang abdi kamipurun anuwila gônda, punapa kalilan awawan sabda, sanadyan gusti kula botên sotah ningali, sok ugi namung karsa angandika kemawon dadosa pamurunging brôngta angarang. Sampun pintên laminipun anggèn kula suwita wontên ing ngriki angêntosi rêntahing

--- 34 ---

kartika saking ing langit ingkang kados warna andika, ing dintên punika kartika wau rêntah wontên ing pangkon kula, punapa kula botên kalilan angêla-êla.

Pangeran, sampeyan sampun sangêt-sangêt anoraga dhumatêng kula, kula dede lare alit, sarèhning karsanipun kangjêng rama sarta ibu sori, kula kapatêdhakakên dhatêng ingkang sarira dados garwa, dados kula kêpêksa suwita dhatêng tiyang ingkang dèrèng nate kula wanuhi, sarta limrah ing laki pamisesanipun dhatêng ing rabi angungkuli pamisesaning bapa biyung dhatêng ing anak, sapintên awratipun manah kula pancèn amarentah dados kaparentah.

Dhuh gusti pêpujan kula, kula botên pisan-pisan nganggêp kados ingkang kapangandikakakên punika têbih pitung bêdahap mênawi kula anggadhahana cipta kumawawa misesa wasa-wasa dhatêng ing rabi, malah kula nyuwun titip jasad kula dhatêng sarira andika, kula namung têtêp dadosa pamongipun sang kadi Ratih.

Pangeran, pangandika sampeyan punika sayêktosipun namung lamis kemawon, kajawi nyulayani pranataning agama: botên wontên tiyang jalêr kawisesa ing èstri, dene ingkang kêdah sampeyan tampèni panuwun kula sarta kalayan upata

--- 35 ---

sampeyan, punika bilih dhangan, kula namung titip dhatêng kangjêng rama sarta ibu sori lumèbèripun dhatêng kula, sampun ngantos sampeyan gêrahakên galihipun, awit potangipun kangjêng rama sarta ibu sori dhatêng kula, kula dèrèng sagêd nyaur, môngka ing mangke kula prasasat dados tiyang tumbasan, sarta sampeyan ginadhang badhe jumênêng nata anggêntosi karatonipun kangjêng rama.

Sang pangeran kapranan ing galih midhangêtakên aturipun ingkang rayi ambarêbêl mêdal luhipun sarwi ngandika aprasêtya yèn badhe botên adamêl saksêrik, malah adamêl sukapirênaning galih ing salami-laminipun, ingkang rayi lajêng sinambut.

Ing wanci enjing sang prabu sakalihan ingkang garwa sang pramèswari têdhak ing kamar pangantèn, ingkang putra pinanggih suwêng tindak dhatêng udyana: lajêng kasusul, pinanggih sang pangeran sawêg ngranggèhakên sêkar gadhung ingkang rumambat mulêt witing sêkar pacar katut sagodhongipun, lajêng dipun lungakên dhatêng ingkang rayi sarwi ngandika: yayi dialon iku ana rine yèn nocog tangan: lara, sêkar gadhung dipun tampèni ingkang rayi kinuswa lajêng kacangking ing asta kiwa. Kapêthuk ingkang rama sang prabu sakalihan ingkang [ing...]

--- 36 ---

[...kang] ibu sang pramèswari: lajêng sami andhodhok ngapurancang, ingkang rama sarta ingkang ibu sangêt êntyarsaning galih nguningani dhatêng ingkang putra sakalihan, sarwi ngandika: ingsun arani sira isih ana ing omah, jêbul wis mênyang patamanan golèk kêmbang apa.

Kawula nuwun, namung mlampah-mlampah kemawon, wontên ing tênggan kathah tiyang: yayi dèwi botên kuwawi sumukipun, mêdal pados isis.

Wong sing tunggu bêcik konên padha sumingkir, anaa ing jaba bae.

Kawula nuwun, inggih sandika.

Ayo padha mênyang kadhaton, ingsun lawas ora main catur karo sira.

Sang prabu kasukan catur kalihan pangeran, gêntos kasêsêr kemawon.

Sang pangeran matur, gusti putra dalêm yayi dèwi: sêmunipun kados sagêd catur.

O, kêpriye pangeran, yèn ingsun catur karo bojonira: ingsun wêdi, awit kalah pintêr, ingsun ora tau mênang.

--- 37 ---

Botên dhik kakangmas, kangjêng rama punika namung ngumpak kemawon.

Môngsa ingsun ngumpak, mara pangeran, saiki salin mungsuh bojonira dibut ro karo ingsun.

Sang putri kakarsakakên catur kalihan sang pangeran, sang prabu anjagowi (= anjagohi spr.).

Anggènipun anglampahakên catur sang pangeran kêrêp diyon kalihan ingkang rama. Sang putri tansah gumujêng kadhawahakên ing sanès, môngka anggènipun anglampahakên catur sang putri kados botên dipun galih rikat angeram-eramakên, ngantos tigang rambahan sang pangeran tansah kawon kemawon, ingkang sapisan balanipun taksih wêtah ratunipun kakunêng: pêjah botên sagêd tutup, ingkang kaping kalih balanipun dipun têlasakên ratunipun pêjah kalihan pidak wontên ing têngah. Ingkang kaping tiga namung dipun oyak ing kapal kêkalih, ratunipun kasêsêr oncat saking ênggèn pangrêksaning bala, kalêbêt ing gêlar lajêng kakuya-kuya pêjah wontên palaganing mêngsah, balanipun taksih wutuh ayam, botên wontên ingkang sagêd têtulung jalaran kaadhangan dening samêktaning byuha kalawêrit. Sang pangeran lêga ing galih anguningani kawêgiganing pamasangipun [pamasang...]

--- 38 ---

[...ipun] gêlar catur ingkang rayi, rumaos botên sagêd andungkap, bikakan pambêdhahing gêlar sap pitu sampun kasumêrêpan rumiyin, lajêng ngandika: yayi aku wis kalah têmênan wis ora wani mungmuhanmungsuhan. karo kowe manèh, kaluhuran dhawuhe kangjêng rama.

Tiyang sampeyan kawoni kemawon, upami sampeyan êpêng utawi sampun mêdal bêdhat sampeyan, kula amêsthi kawon.

Dikalahi kêpriye, wong kringête nganti gumrobyos mêngkene kiyi ngalahi.

Mênawi sumuk.

Sumuk ngisin-isin.

Botên.

Sang prabu sangêt pirêna ing galih anguningani rukunipun ingkang putra tansah arêruntungan kados mimi lan mintuna. Anggènipun palakrama sang pangeran antawis sataun, ingkang rayi sang putri angidham-idham kaworan, sarêng sampun katingal ngandhêg tigang wulan lajêng ngaturi uninga ingkang rama, sang prabu saya sangêt bingah ing galih sarta saya sangêt pangêla-êlanipun dhatêng ingkang putra sakalihan, prasasat botên wontên towongipun sang

--- 39 ---

nata adamêl bojana ngiras wilujêngan pamboboting putra. Sarêng sampun andungkap môngsa lair: sang putri anggêrahi, otêr tiyang sakadhaton, nanging anggènipun anggêrahi sang putri kasêngkala bayinipun nungsang mila dangu botên sagêd mêdal, anggènipun anggêrahi ngantos pitung dintên pitung dalu, netyanipun sampun asawang kunarpa, ingkang ibu tansah amuwuni wontên ing ngeringan, langkung malih sang pangeran, anggènipun nyundhang wontên ing ulon-ulon, adus luh anêlêsi kajang sirah ngantos kados turasan, botên dhahar botên sare, sang prabu botên tahan nênggani ngiwa wontên ing panêpèn, botên dhahar-dhahar.

Sarèhning sampun tita bayi botên sagêd lair, aturing dhukun sarta para tabib, bayi kêdah kawêdalakên sarana pirantos, lajêng angunjuki uninga ing sang prabu, sang nata saya putêk ing galih, kajawi marma sumêlang mênawi andadosakên jalaran sedaning putra, ananging botên sagêd mênggah aturing dhukun, ingkang murih arjaning putra. Dhawuhipun sang prabu: wis môngsa bodhoa sira, ingsun wis aja sira unjuki uninga manèh prakara iku, ingsun mung nguningani bêcike sarta slamête bae. Tumuntên para dhukun sarta tabib sami pirêmbagan sakecaning [sa...]

--- 40 ---

[...kecaning] panindak ingkang sayogi linampahan, ingkang sami nênggani wontên ing kamar sami kaaturan mêdal sadaya, dalah sang pramèswari ugi kaaturan sumingkir, namung sang pangeran piyambak ingkang taksih wontên ing kamar, anjagèni sariranipun sang dèwi. Sarêng pirantos dipun cakakên gampil wêdaling bayi kalayan wilujêng miyos putri, cêngèripun ing bayi tiyang sakadhaton gumuruh sami suka bingah, bayi lajêng dipun upakara ing dhukun wontên ing jawi, namung sang juwita lêsuning sarira saya ngranuhi tansah lês-lêsan botên èngêt, dipun arasi dhatêng ingkang raka sarta dipun muwuni, sang rêtna sampun kasupèn, wusana puput yuswanipun seda konduran, sang pangeran anjrit muwun angrungkêbi ingkang garwa lajêng kantaka, sang pramèswari malêbêt ing kamar, ingkang putra sang rêtna sampun pinanggih seda anjrit sarosa anggêblag lajêng kantaka, otêr tiyang salêbêting kadhaton, gumêrah pindha swaraning jawah ingkang nrajang wana pajatèn, ingkang sami nênggani wontên ing kamar bibar pating bilulung gumêdêr angèbêki kadhaton, kêmirêng saking panêpèn pasingidanipun sang prabu, sang nata enggal têdhak ing kadhaton, botên ngantos dipun unjuki uninga ing abdi, angintên yèn ingkang putra dados lan sedanipun, rawuhipun ing kadhaton ingkang [ing...]

--- 41 ---

[...kang] rayi sang pramèswari sampun pinanggih èngêt lajêng angrungkêbi sampeyanipun ingkang raka sarwi lara karuna pitakèn putranipun, gusti kawula botên sagêd kantun kalihan putra tuwan pun Wayi, paduka sarêng kalêbêtna ing kuburipun, sang prabu kêrot kancing botên sagêd ngandika, ingkang rayi kakondurakên dhatêng ing tênggan, sang prabu lajêng sinewaka, Kyai Patih Lodaka sampun pitung dintên tugur sakancanipun para bupati wontên ing sri manganti, sarêng mirêng ramenipun ing pura lajêng malêbêt botên kalayan dipun timbali, sang prabu sampun pinanggih lênggah sinewaka wontên ing dhampar, kyai patih lajêng sowan nyakêt, sang prabu tansah gêrêng-gêrêng dèrèng sagêd ngandika, wadananipun katingal kados latu, kyai patih botên andungkap ingkang dados puruging bêndu, jamakipun tiyang kasripahan punika: susah, sang prabu punika botên, malah nawung duka.

Kyai patih bijaksana botên mawi angêntosi dhawuhipun sang prabu bab upakarti sarta rêrêngganing layon, sampun kadhawuhakên samapta rumiyin, sarta layonipun sang putri sampun lajêng kabidhalakên dhatêng astana lêluhuripun sang prabu mawi pakurmatan agêng, wêdalipun saking kadhaton botên kauningan ing sang nata, kagalih mênawi saya adamêl rontaging galihipun [ga...]

--- 42 ---

[...lihipun] sang prabu.

Sang nata andhawuhakên parentah dhatêng kyai patih: kakang layone anakira apa wus sira pikir.

Kawula nuwun sampun, saha sampun kawula angkatakên.

Kakang: panggalih ingsun ora bisa tumingal marang putranira jabang bayi, awit samôngsa ingsun tumingal bisa andadèkake kagèting panggalih ingsun, èngêt marang kang wis layon, awit saka iku bokmênawa bisa amêmugut karênan ananingsun ing dunya, iku banjur sira labuha ing bangawan bae, emanên yuswaningsun yèn nganti ora widada saka pangaluping jabang bayi iku. Dene kang luwih pêrlu: ingsun aja kongsi tumingal manèh marang si Warihkusuma, saiki sira tundhungên lunga saka laladaning naganingsunnagariningsun. ing Banyubiru, balia marang laladaning nagarane dhewe ing Tuban, yèn ora ngestokake parentah ingsun, amêsthi ingsun patèni kalawan pangewan-ewan, awit kang dadi jalaran patine putriningsun: saka awake, dadi wis têtela yèn lungane si Warihkusuma saka ing nagarane mau pancèn ala, gawe sangaring nagara kang diambah. Apa karsaningsun amêsthi kalakon padha sanalika iki.

Kyai patih botên amênggak karsanipun sang prabu, namung bakabadhe. [ba...]

--- 43 ---

[...ka] dhèrèk kemawon, pamurihipun namung rumêksa ing kasugêngan, sarta karaharjaning praja sampun ngantos gustinipun katuwuhan sêkêl awit saking prakawis punika. Kyai patih mundur saking ngajêngan lajêng angruktèni pirantos badhe panglabuhing jabang bayi, winot ing joli kajêng nagasari kinarawistha ing sêsêkaran awig pakirtyanipun, sarta lajêng winot ing baita tembo mawi rinêngga ing gêgodhongan pancasan enggal, aluming godhong katingal saking katêbihan amêmêlas, sampun kalampahan jabang bayi kalabuh mawi pakurmatan lampah agêng. Kyai patih lajêng kapanggih Sang Pangeran Warihkusuma, andhawuhakên karsanipun sang prabu, yèn sang pangeran kadhawahan tundhung, botên kenging ngambah laladaning nagari Banyubiru, amargi sang pangeran kagalih damêl sangaring praja sarta adamêl jalaran sedanipun sang putri, sapintên rujiting galihipun sang pangeran, mêntas kasedan garwa putranipun kalabuh, sariranipun katundhung, sang pangeran lingsêm mulat sasamining tumitah, wanci lingsir dalu anis saking pura, lajêng ing tindakipun malêbêt ing wanawasa pados margining pêjah.

Kocapa Kyai Buyut Wulusan ing Sumbêrêja, padamêlanipun misaya ulam ing bênawi, nuju wontên ing lèpèn kagèt [ka...]

--- 44 ---

[...gèt] sumêrêp wontên kêndhaga kèli winot ing baita tembo mawi ombyong-ombyong gêgodhongan sampun sami alum, lajêng dipun candhangi, sarêng kabikak isi bayi mawa teja, kyai buyut eram salêbêting manah, narka yèn bayi punika putraning putri ingkang lampah jina lajêng kalabuh ing bênawi nyirnakakên tilas, kyai buyut gadhah osik, bayi iki bêcik dak pupune, tinimbang mati aluwung dadia bocah kêna dikongkon, karodene manèh bokne bayèk wis ping têlu gone duwe anak pijêr mati bae, bocah iki yèn bisa dadi lanjaran, bayi lajêng dipun bopong kabêkta mantuk, dipun sukakakên semahipun, nyai buyut kagèt sumêrêp ingkang jalêr mantuk ambopong bayi, mulung tanganipun nampèni bayi sarwi pitakèn: iki mau bayi olèhmu ing ngêndi.

Olèhku candhang ing bêngawan.

Ayake anake wong dhêmênan dikèlèkake.

Mênawa, nanging dudu sok wonga, katitik wadhahe apik, didokok ana ing gêndhaga.

Aku bungah bangêt bapakne gêndhuk, kowèhi anak, tak opènane sing bêcik, mêngko tak gêbyur, banyuku susu

--- 45 ---

isih mêtu, dadi kêbênêran bangêt. Kojênêngake sapa: bapakne.

Tak jênêngake Rara Sêndhang bae: bêcik, wong olèhku ana ing banyu.

Rara Sêndhang ingupakara sarta sinêsêpan dhatêng Nyai Buyut Wulusan ing Sumbêrêja, dumlundung kalis ing sêsakit, enggal agêng kados dinusan ing toya gege, agêngipun Rara Sêndhang kalawun-lawun.

Gêntos kacariyos, lampahipun wadyabala ing Banyubiru ingkang andhèrèkakên layonipun sang putri dumugi ing astana layon kasèlèhakên, salêbêting krêndhasawa kêmirêng saking ing jawi swara lamat-lamat, sarta kalêsêding layon katingal obah, senapatining lampah enggal ambikak tutuping krêndhasawa, katingal sang putri wungu sarta ngandika lirih, kangmas pangeran adipati ana ing ngêndi, senapatining lampah nyana yèn sang putri waluya jati, lajêng matur: raka paduka taksih wontên ing nagari, panjênêngan paduka punika sampun kaagêm-agêman busananing layon, amargi seda konduran, sapunika sampun dumugi ing astana.

--- 46 ---

Aku gawanên bali, nanging aja kolukari, cik bèn dilukari kangmas pangeran dhewe ana ing kadhaton.

Layon lajêng kabêkta wangsul sarta mawi pratandhaning kabingahan, tambur slomprèt mungêl mawi lêlagon gêndhing anganyut-anyut, gêdêring pawartos enggal dumugi ing nagari yèn sang putri botên saèstu seda, ing mangke kabêkta wangsul kondur taksih wontên salêbêting krêndhasawa bikakan.

Sang prabu saha sang pramèswari sampun kaaturan uninga ing kasugênganipun ingkang putra sang putri, kados punapa bingahing galihipun sang prabu, enggal têdhak mêthuk akalihan ingkang rayi, saking kasêsanipun tindak dharat kemawon, titihan rata kasusulakên katututakên wontên ing margi, sang prabu sarta sang pramèswari lajêng nitih rata, antawis saonjotan layon katingal, rata kadhawuhan ngrikatakên, botên sarèh karsanipun sang nata, dumugi pasanggrahan ing Rancakarni: layon kèndêl, sang prabu sarta sang pramèswari rawuh gurawalan lajêng ngangkat putra ingkang pindha layon, sang pramèswari anglukari ingkang putra sarta lajêng ingagêman raja kaputrèn, ingkang putra tansah [ta...]

--- 47 ---

[...nsah] dipun arasi ingkang ibu, sang putri matur: kakangmas adipati wontên pundi, saha anak kula punapa gêsang. Ingkang rama nênggak waspa sarwi ngandika: bojonira mulih marang Tuban, mêngko ingsun utusan nimbali, dene anakira ingsun labuh marang bêngawan. Sang prabu lajêng andhawuhakên dhatêng kyai patih kinèn ngupadosi Radèn Warihkusuma, bilih botên pinanggih ing margi lajêng kadhawuhan anglacak dhatêng nagari Tuban, makatên ugi anglari gêndhaga ingkang kalabuh ing bênawi, anggènipun dhawuh sang prabu dhatêng kyai patih, kalayan bisik-bisik, karsanipun sang prabu sampun ngantos adamêl kagèt utawi rontaging galihipun ingkang putra sang putri, prakawis wau kêdah kawados, sampun ngantos sang putri anguningani yèn ingkang raka sang pangeran kesahipun kadhawahan tundhung. Sang prabu saha garwa putra lajêng bidhal kondur angadhaton, pulih rêntênging galihipun sang prabu, kantun angêntosi dhatêngipun sang pangeran sarta kapanggihing gêndhaga bilih bayi taksih sugêng.

Utusanipun sang prabu ingkang nglari sang pangeran, botên angsal lacak, ngantos dipun susul dumugi nagari Tuban, [Tu...]

--- 48 ---

[...ban,] malah wadyabala ing Tuban ingkang ngupadosi sang pangeran: dèrèng wontên mantuk, mila utusan wau lajêng nulak wangsul ngupadosi dhatêng ing wana malih, makatên ugi utusan ingkang nglari gêndhaga turut bênawi ngantos dumugi sungapaning sagantên mêksa botên sagêd angsal lacak, para utusan wau sarêng sampun tita pangupadosipun lajêng sami wangsul dhatêng nagari sarta lajêng angunujuki uninga ing sang prabu. Sang nata botên andugi bab cabaring utusan, bokmênawi karsaning dewa ingkang putra kadamêl lêlampahan, sang prabu mupus salêbêting galih narimah punapa purbanipun Sang Hyang Wisesa, sang prabu sadintên-dintên tansah angimur tikbraning galihipun ingkang putra sang putri.

Gêntos kacariyos sang pangeran wontên salêbêting wana tanpa kanthi, ingkang kadhahar namung wowohan sarta gêgodhongan nèm ing wana, sangêt anggènipun kasarakat, ciptaning galih namung badhe anganyut tuwuh tansah nêtah sarira anggènipun katula-tula, badhe garwa pêpacangan karêbat ingkang rayi sang prabu, angsal panglipur sagêd krama putrining ratu, ayu pinunjul ing jagad, dèrèng ngantos dumugi sawêg sataun tinilar seda. Galihipun [Galihipu...]

--- 49 ---

[...n] sang pangeran kados rinujit anglês tanpa karkat sèndhèn ing uwit bêndha dhoyong ingkang pinulêt ing mandira goraya, samirana midit ambêkta gandaning sêkar saya adamêl rêncêming galih, swaraning pêksi rame kados pencokan badhe mapan tilêm tambah adamêl kuwur, pêpêtêng wiwit andhatêngi kados badhe angêlêm jagad, punika ingkang amisesa têlasing galihipun sang pangeran, andhêkukul angrangkul jêngku waspa adrês kados turasan, salêbêtipun wontên ngandhap bêndha tansah mêrêm mêlik botên sagêd sare kèngêtan dhatêng ingkang rayi Dèwi Wrêsti, wanci sidhênsidhêm. kayon lintang sumêbar ing langit, purnama mungup sapucaking aldaka sumorot kados wadananipun ingkang rayi, cumêngèring kidang alihan tilêm kados panguwuh angaturi kondur dhatêng ing nagari Tuban, sang pangeran tumratab ing galih, acipta ingkang rayi Dèwi Wrêsti kados sumandhing lênggah, guragapan tinolih botên wontên, namung katingal soroting rêmbulan ingkang ambêdhah lêlongkangan sêlaning godhong kumênyar amawa praba, sang pangeran saya putêk ing galih. Salêbêtipun sare rêm-rêm ayam, wontên swara kêmirêng, têmbungipun: Pangeran kang

--- 50 ---

kawêlasasih kados ijêngandika, pantês nampèni panglipur. Pangeran: sampeyan sumêrêpa yèn rayi sampeyan sang putri: sugêng, sarta tansah ngajêng-ajêng rawuh sampeyan ing nagari Tuban, amargi sapêngkêr sampeyan lolos: sang prabu seda. Sang pangeran kagèt lajêng wungu, èngêt wêwentehan swara ingkang kamirêng, ananging pinaibên ing dalêm batos. Sampun anggagat bangun enjing bun pating talêthog angêbêsi sarira, mêdal saking ing wana sumêdya dhatêng padhusunan pados pitakenan ing bab kawontênanipun nagari Tuban, punapa wontên èmpêripun kalihan swara ingkang kêmirêng, wontên ing margi kêpêthuk tiyang ingkang badhe dhatêng pêkên, anglur sami anggêgendhong. Bok ayu: sang prabu apa sugêng. Winangsulan, niku takèn têka anyêrwètèh, sedane sang prabu êmpun kawak kuwi dika tekokake. Sang pangeran ragi sakeca ing galih dene anètèsi swara ingkang kacêtha, lajêng tindakipun sêdya kondur dhatêng nagari, nanging karsanipun botên mêdal ing ngajêngan, mêdal ing pungkuran, panggalihipun: sapisan dèrèng tartamtu sedanipun ingkang rayi sang prabu, kaping kalih bokmênawi [bo...]

--- 51 ---

[...kmênawi] nuwuhakên prakawis ingkang kirang prayogi.

Kacariyos Sang Rêtna Wrêsti, sampun lami ing panganti rawuhipun ingkang raka Sang Pangeran Warihkusuma, tansah gêlik-gêlik wontên ing kadhaton, raosing galih kados wontên ing tarungku, sarta sampun botên kulina kalihan ingkang putra Radèn Udakawimba, amargi wiwit miyos lajêng winimbasara dhatêng kyai patih pinisah ngantos agêng. Ciptaning galihipun sang putri sampun botên kraos wontên ing kadhaton, badhe wangsul angendhang-endhang wontên ing Mudal, nanging kapambêngan dening parentahipun kyai patih ingkang misesani karaton, botên anglilani tindakipun sang putri, awit sampun kaanggêp dados pramèswarinipun Sang Prabu Warsakusuma ingkang sampun seda, sang putri karsa angenggar-enggar galih amêng-amêng dhatêng pasanggrahan sajawining nagari, lasar sabên-sabên sang putri ing ngriku pacangkramanipun, ngantos nyare kalih utawi tigang dalu: sawêg kondur. Ing wanci sontên sang putri lênggah wontên talundhaging yasakambang kaadhêp ing para cèthi parêkan, dhasar talundhaking yasakambang munggul saking margi, tumingal wontên satriya lumampah turut [tu...]

--- 52 ---

[...rut] lalelayaninglaleyaning. udyana, tumratab ing galih èsmu sumêdhot kados tindakipun ingkang raka Sang Pangeran Warihkusuma, dangu dipun awasakên kumêdhèp têsmak, wusana têtela yèn ingkang lumampah: ingkang dados pangajapanipun ing tawang, enggal dipun palajêngi agurawalan, lajêng dipun rangkul sarwi lara karuna sambat amêlas asih: nyawa ingkang kula êntosi mèh dumugi ing pêjah sawêg katingal sapunika. Sang pangeran kagèt ing galih dipun palajêngi sarta lajêng dipun rangkul ing putri ayu, ananging inggih lajêng sumêrêp yèn putri punika ingkang dados têlênging galih: ingkang rayi Dèwi Wrêsti, mila enggal gêntos rinangkul sarta dipun arasi sarwi muwun, dangu sami tangis-tinangisan, sang putri lajêng pinondhong dhatêng ing yasakambang: botên suwala, ananging sarêng badhe kasarèkakên sangêt ing panyêngkahipun, sang pangeran eram salêbêting galih, ngèndêli karsanipun amurwarêsmi: sarwi ngandika linuding pangêla-êla: yayi kang nawang kumala sarta kang bisa nyambung dawaning umurku, apa kang dadi darunane anampik sihe pun kakang salawase ora bisa ilang-ilang, ature sang putri: kakangmas: namung kandhêga samantên [samantê...]

--- 53 ---

[...n] kemawon, kula tuhu ing jangji yèn sampeyan dados guru laki kula ngantos dumugi ing jaman kalanggêngan, nanging kenging ugi yèn kula nama cidra ing janji, amargi sariraning sêkar ingkang taksih kudhup rinodapaksa kinisêp dening kruraning bêrmara. Lajêng kacariyosakên lêlampahanipun miwiti malah amêkasi, dados ing mangke kula namung anyênyadhang sihing guru laki kula ingkang kados sarira sampeyan ngapuntên ing dosa kula agêng sèdhèng ing laki, namung kula têbusi wahdat ing salami-laminipun, sarta anyirnakna dosa kula anglampahi rajapati. Sang pangeran trênyuh ing galih midhangêtakên aturipun ingkang rayi, lajêng ngandika: yayi, dosamu iku ora ngapaa, awit anglabuhi tuhuning prasêtya, malah iku kang aran utama, ora kagiwang nampani rahsaning liyan, jamaking wanodya kang durung tau-tau amêsthi korup marang sajatining rahsa mau, mulane bangêt pangapuraku marang kowe, awit kowe ora luput, sanadyan ananing pêpati kowe iya nora nêmu dosa, awit pamrajaya iku pamalêsing patrap rodaparipêksa, mulane biratên tikbraning atimu, aku kang tanggung tumêkane

--- 54 ---

pangayunaning Pangeran, amêsthi ora nêmu siksa. Mangkono manèh yayi mungguh ing aku iya kêna ingaranan ora nêtêpi janji, amarga aku iya wis palakrama sarta asêsuta wadon. Lajêng dipun andharakên lêlampahanipun turut botên wontên ingkang kalangkungan, sang rêtna anggènipun mindhangêtakên ngantos angrêntahakên waspa botên karaos, satamating cariyos: sang putri katingal tutut, lajêng sami kèndêl ing yasakambang.

Ing wanci enjing sang pangeran lênggah kalihan ingkang rayi wontên ing paningrat, kaadhêp ing cèthi parêkan, sang pangeran mundhut papan rontal kasêrat ing kênaka, lajêng kadhawuhan maringakên dhatêng kyai patih.

Kacariyos utusanipun kyai patih anggènipun anglari tindakipun Sang Pangeran Warihkusuma anjajah dhusun milangkori: ngantos pintên-pintên taun, sarèhning sampun tita botên sagêd pinanggih lajêng sami wangsul mantuk dhatêng nagari anjujug ing kapatihan, kyai patih sawêg lênggah ing panêpèn kalihan ingkang putra Radèn Udakawimba, sang bagus sawêg winulang patrapipun nyêrat sastra jêjêg, [jê...]

--- 55 ---

[...jêg,] utusan enggal sinapa, lajêng matur sami ngaturakên tiwas ing lampahipun, sarta sami anggadhahi pangintên yèn pangeran kados lajêng anganyut tuwuh, awit sawarnining panggenan dalah ingkang sungil-sungil sampun kaosak-asik mêksa botên sagêd pinanggih, kyai patih midhangêtakên aturing utusan lêgêg ing galih, botên sagêd andugi puruging tindakipun pangeran, kasaru dhatêngipun utusan saking sang putri ambêkta papan rontal, enggal katampèn sarta lajêng kawaos, suraosing sêrat saking Sang Pangeran Warihkusuma ngaturi uninga ing rawuhipun sang pangeran, sarta kyai patih kaaturan rawuh ing pasanggrahan. Kyai patih kagèt ing galih, bingah amarwata suta kados manggih sêsotya ingkang dhumawah saking ing langit, enggal tindakipun dhatêng ing taman anganthi ingkang putra Radèn Udakawimba, rawuhipun ing taman kapêthukakên sang pangeran sarta lajêng gapyuk arêrangkulan sami angrêntahakên waspa. Kyai patih matur: kangjêng pangeran, ingkang alus ing budi, ingkang ngagungakên paramarta, ingkang sagêd angecani manahipun têtiyang alit, ingkang wicaksana bèr budi, ing mangke

--- 56 ---

panjênêngan paduka kula angkat dados susuhunanipun têtiyang ing nagari Tuban, lajêng paduka tampèni sapunika kalayan panuwun agêng yèn karaton wau pêparingipun rama paduka Sang Prabu Sindupati ingkang sampun suwarga, kula namung sadarmi ngampil salêbêtipun nagari ara-uru, ing mangke paduka pulihakên risakipun, dene putranipun rayi ijêngandika Sang Prabu Warsakusuma ing samangke taksih timur sawêg kula prêtêk ing piwulang, sapunika têtêpa dados putra paduka pambajêng sarta diwasanipun kula suwunakên kaangkata dados pangeran adipati, dados panjênêngan paduka nama jumênêng anyêlani. Mênggah atur kula ingkang makatên samantên wau sampun muphakat kalihan prikônca kula wadana jawi lêbêt, ingkang punika punapa taksih wontên ingkang nalisir saking ing lêrês.

Sang pangeran botên sagêd maoni karsanipun kyai patih dening sampun anglênggahi lêrês, ananging salêbêting galih dhatêng ingkang putra kuwalon Radèn Udakawimba sangêt botên sarju, awit punika tunggakaning kêmadhuh, ewadene sinamun ing netya botên wontên antawising pinggêtipun ing galih, pangunandikanipun: gampang

--- 57 ---

masalahe besuk yèn aku wis jumênêng ratu sarta patutan karo yayi dèwi, Si Udakawimba iku prakara apa. Sang pangeran ngandika: uwa patih kula namung andhèrèk punapa sapangrèhing patih wisesa ingkang sampun sabiyantu kalihan para nayakaning praja: kados sariranipun uwa. Pun Udakawimba punapa ingkang wontên ngarsanipun uwa punika.

Inggih punika putra paduka Radèn Udakawimba, nanging wiwit miyos kula wimbasara wontên ing kapatihan, botên nate pêpanggihan kalihan ingkang ibu.

Prayoginipun ing mangke kula pundhut wontên ing kadhaton.

Kula nyumanggakakên sakarsa.

Sang pangeran lajêng kondur angadhaton, kalihan ingkang rayi Dèwi Wrêsti saha ingkang putra Radèn Udakawimba, wiwit punika kapanggihipun kalihan ingkang ibu andhèrèk wontên salêbêting kadhaton.

Antawis wolung dintên sang pangeran lajêng jumênêng nata saking pangangkatipun kyai patih sarta para nayakaning praja, mawi sêsuruhan para ratu ingkang têpang watês kalihan jajahanipun [jajahani...]

--- 58 ---

[...pun] nagari Tuban, pakurmatanipun agêng, ajêjuluk Sang Prabu Warihkusuma, kajèn kèringan dhatêng para ratu sanèsipun, awit saking misuwuring kawasisanipun kridhaning pêrang, jumênêngipun Sang Prabu Warihkusuma lulus botên wontên sangsayanipun, nanging kalihan ingkang rayi kêlajêng botên sagêd apêputra.

Kyai Patih Toyamarta sangsaya sêpuh, sarta sampun botên kuwawi ngêmbat nagari, lajêng nyuwun kèndêl, saha narimah namung dados tuwangga nama wiku wontên ing wukir, panuwunipun kaparêng sarta kaparingan pêpancèn siti kathah minôngka dhaharipun, ingkang kakarsakakên anggêntosi bupati tamping putranipun pambajêng kyai patih anama Arya Toyatuli. Wondene putranipun kyai patih têtiga, ingkang anèm kêkalih sami dados nayakaning praja sami limpad-limpad ing budi nanging botên kapilih, ingkang sêpuh kirang mangrêtos inggih Arya Toyatuli wau, mila karsanipun ingkang rama kyai patih: Arya Toyatuli namung kapacak dados bupati tamping kemawon, mênggah karsanipun sang prabu anggènipun ngangkat Arya Toyatuli dados patih supados botên badhe

--- 59 ---

maoni karsanipun sang prabu, awit sang nata taksih simpên wêwados, sampun ngantos kajodheran karsanipun dening pamambênging pêpatih, mila amilaur ngangkat bupati tamping, aling-alingipun misudha dhatêng waris ingkang wajib. Inggih punika putraning patih ingkang sêpuh piyambak, wondening karsanipun sang prabu ing dalêm batos, Radèn Udakawimba badhe kasirnakakên.

Kacariyos Radèn Udakawimba sampun yuswa 15 taun, diwasa kalawun-lawun tanpa pinardi dhatêng ingkang rama sang prabu, sang bagus wiwit anggraita sêpên ing pangajêng-ajêng yèn ta kaangkata pangeran adipati anom, awit sangêt dipun cêri-cêri dhatêng ingkang rama sarta asring sinungan ujar ingkang angêrês-êrêsi turasing ratu angkara, Radèn Udakawimba putêk ing galih, dhatêng ingkang ibu botên sakangsalan, awit kirang kulinanipun, kalih dene malih ingkang ibu sangêt ajrih dhatêng ingkang rama, osiking galih botên sande badhe sangsaya kadaud-daut risaking sarira bilih ngantêpi pasuwitanipun dhatêng ingkang rama, prasasat angêntosi timbuling watu itêm, Radèn Udakawimba ing wanci dalu anis saking kadipatèn, tanpa

--- 60 ---

kanthi tindak nurut lampahing toya bênawi lêpas lampahipun.

Enjing kauningan ing sang prabu: lolosipun Radèn Udakawimba, sang nata apigugup sarta adhêdhawuh kinèn ngupadosi, nanging bilih botên sagêd kapanggih kadhawuhan sami wangsul kemawon. Ingkang ibu sang pramèswari muwun wontên ing kadhaton, lajêng angimur dhatêng ingkang raka, sang prabu sagah amulari piyambak, botên ngantos lami utusanipun sang nata sampun sami wangsul ngaturakên tiwasing lampah botên wontên ingkang lêbda ing karya, ical larinipun, sang prabu botên gita malah dhawuh ingandikakakên sami kèndêl kemawon, sampun ngantos wontên ingkang rêraosan bab murcanipun rajaputra.

Gêntos kacariyos ing padhukuhan Sumbêrêja: Kyai Agêng Wulusan, mêntas kadhatêngan sayid saking Ngarab anama Sèh Jumadil Kubra bin Mukamad Daos, mêdharakên sakathahing ngèlmi saraking rasul, Kyai Agêng Wulusan kalindhih kawruhipun lajêng anggêguru, malah lajêng tinetesan ing ngèlmi kasampurnan, panunggaling kawula Gusti,

--- 61 ---

sumêrêp ing sangkan paran, saking sêngsêmipun lajêng tilar agaminipun Buda dalah kadang warga sarta rencangipun sadaya, sami manjing agami Islam, mungkul ibadahipun, ngadêgakên barjumungah, adamêl masjid agêng, surambinipun panjang têpang kalihan griya pawèstrèn kiwa têngêning masjid, kinubêngan toya balumbang, sirahing toya saking lambunging ardi gumrojog anjog ing parang pêpongol, salaliman ingkang ambandhing cêlak jurang sirung, lajêng tinambêng ing tambak sela tala lubèr mili agêng ing lêlêngkèh èrèng-èrènging ardi, sinusuk kangge margining toya ngalêmpak lajêng angoncori têtanêman ing asrama, wontên ingkang kasudhèt malêbêt ing capuri masjid angjog ing balumbang, toyanipun mili akimplah-kimplah adamêl sêngsêmipun para ingkang sami sêmbayang dhatêng masjid.

Kyai agêng adamêl langgar wontên sakilèning pandhapa kêlêtan kêlir laleyaning capuri, rintên dalu wontên ngriku têkabul ngèlmi, sinambi mêmulang para siswa ingkang kinasih, dene pamulanganipun agêng wontên ing surambi, gurunipun kyai pangulu sarta para katib, rintên dalu botên wontên kèndêlipun sami tilawat Kuran.

--- 62 ---

Gêntos kacariyos lampahipun Radèn Udakawimba turut bênawi dumugi ing dhukuh Sumbêrêja, ngongkang bênawi mêngkêrakên rêdi, kiwa têngênipun pasabinan êloh toya pating srèwèh, Radèn Udakawimba lajêng malêbêt ing dhusun sumêrêp masjid agêng ing surambi kathah lare sami ngaos, Radèn Udakawimba lajêng nunggil kalihan lare kathah, kadêngangan dhatêng kyai pangulu: dipun pitakèni, thole kowe bocah saka ing ngêndi aku nêmbe tumon, lan jênêngmu sapa. Radèn Udakawimba mangsuli, kula lare saking nagari Tuban, nama kula pun Udakawimba, pisowan kula badhe andhèrèk ngaos wontên ing ngriki, kyai pangulu rêsêp aningali dhatêng warninipun Radèn Udakawimba bagus mêrak ati taksih lare, lajêng dipun parentahi: thole mêngko bubar ngaji kowe milua aku bae, tak opèni ana ing omahku, nyambia angon kêbo, pangonku kurang siji. Kacariyos Radèn Udakawimba kèndêl wotên ing griyanipun kyai pangulu, sabên wanci lare ngucul tumut angèn maesa dipun sambi kalihan damêl ringgit rumput dondoman, dangu-dangu lajêng damêl isthaning driya, tumuntên damêl [da...]

--- 63 ---

[...mêl] kadhaton mawi bètèng sarta jagan angèmpêr-èmpêr kadhatonipun ingkang rama, katingal angrêmênakên, Radèn Udakawimba pancèn wasis dhatêng pakartining kriya, salêbêting manah saupami wontêna bôndha baunipun kadugi adamêl biting santosa ingkang angèl kabêdhah ing mêngsah, ing batos amaoni kadhatonipun ingkang rama, dene katingal ringkih sarta tanpa wêwados, gampil kabêdhah ing mêngsah, bobotipun Radèn Udakawimba taksih lare sampun gadhah gagasan samantên, saiba diwasanipun kados botên kenging cinakrabawa ing sanès, èngêt-èngêt têdhaking ratu prajurit dhasar wijiling amaratapa aluran saking kaki. Bilih sampun wanci anggiring, Radèn Udakawimba dhatêng ing masjid sinau ngaos, enjing sontên makatên lampahipun, botên ngantos lami sampun limpad angungkuli lare kathah, kauningan dhatêng Kyai Agêng Wulusan, Radèn Udakawimba katimbalan dhatêng ing langgar kilèn pandhapa, kèrid dening kyai pangulu, Radèn Udakawimba anoraga lênggah makidhupuh, Kyai Agêng Wulusan pirêna ing galih aningali warninipun Radèn Udakawimba, bagus mêrak ati pamulunipun [pamulu...]

--- 64 ---

[...nipun] manis, dhasar trêpsila tajêm polatanipun.

Kyai Agêng Wulusan ngandika dhatêng kyai pangulu. Pangulu si Udakawimba tak jaluk ngèdhêg ana ing ngarêpanaku, karêbèn ngaji kitab, karo arêp tak wuruki pasèhing pangajine.

Kula sumôngga.

Radèn Udakawimba rintên dalu wontên ngarsanipun Kyai Agêng Wulusan, winêlêg ing piwulang, sadaya piwulang kacakup botên wontên ingkang kècèr, sangêt lêganing galihipun Kyai Agêng Wulusan pikantuk murid landhêp manahipun, Radèn Udakawimba tumuntên badhe katetesan ngèlmi sajati. Radèn Udakawimba botên mawi sêmang-sêmang andhèrèk karsanipun Kyai Agêng Wulusan, anuju satunggiling dintên sampun bakda sêmbayang ngisa Radèn Udakawimba katimbalan kadhawuhan malêbêt ing langgar, botên kêlilan maos kitab, dipun pangandikani: jêbèng wis mangsane kowe nampani pitutur jati, pêrlune ing têmbe bakal dak wêjangake ana môngsa loro, saiki sinaua sumurup gêlaran wiriting Pangeran, wis ditêmbangake karo kang jalela, lah iki layange wacanên tak rungokne.

--- 65 ---

Nuwun inggih sandika.

Pangkur

Pangkur wuryaning gitaya / sadurunge kaki sira dumadi / anèng ngêndi dunungipun / yêktine saking ora / bapa biyung dadi lantaran tumuwuh / tan nêdya yoga mring sira / mung nêkakkên ardèng budi //

tibaning kang rahsa mulya / nèng manikêm urip lawan pribadi / bundêr samrica binubut / kumêdut salaminya / sumrambahing angga bisa dadi wujud / bayi lair sing wêtêngan / dadi manungsa sajati //

kadunungan pôncadriya / kapiyarsa panggèn dalan pangèksi / pangucap lawan ciptanung / nanging durung têtela / awit durung kadunungan rasa tuhu / ri wusnyantuk rasa tama / mundhak-mundhak sabên ari //

nganti praptaning diwasa / pôncadriya jumênêng lawan titi / bisa angrungu angambu / wêruh lawan angucap / tômpa saka isbatujait liripun / yèku warah saking liyan / mula jimatun wus tampi //

aran têtêp tinêtêpan / luwih èlèk dayaning sanubari / beda-beda ciptanipun / kang aran Johar Ngaral / lamun sira nyipta barang kang durung wruh / Johar Parit lamun sira / nyipta barang kang wus uning //

lawan datu maulana / lamun sira nyipta angganta kaki / pinindha mlaku [mla...]

--- 66 ---

[...ku] lan lungguh / anèng panggenan liyan / sakêclapan ing kene sayêkti suwung / katon ngalih anèng kana / byaring tyas wus ngrasa bali //

pusaka pudya kidungan / pandhitadi aran rêsi artati / Artadaya kang jêjuluk / karya gita pralambang / anênangi sanggyaning kang mudhapunggung / isine kang wuluh wongwang / suwung obah kênèng angin //

tapake kontul anglayang / manuk mibêr muluk ngungkuli langit / kalawan gigiring punglu / kuda ngrab ing pandêngan / wêkasaning langit lan jaladri agung / tanggal pisan kapurnaman / sêntèg pisan anigasi //

kabèh dayaning budaya / anganakkên cipta lan siring ati / pinindhana: watêsipun / lan ana tilasira / apa dene kinira sapisan cundhuk / kalawan panjêring nala / rampunging babar pisani //

pralambang bumi pinêtak / duhkitèng tyas lumèngkèt tan ngêndhani / kanang pawana tiniyub / yèku bantêring manah / ciptèng nala lumaku rosaning bayu / apèk gêni adêdamar / wong ngangsu pikulan warih //

yèku pacanging tyastama / gung ngupadi undhake kawruhnèki / tanapi kang banyu kinum / yèku adhêming manah / angungkuli adhême kang tirta salju / dahana murub binakar / yaiku panasing ati //

luwih

--- 67 ---

panasing dahana / lan srêngenge pine padhanging ati / sumêblak nora kêbundung / dening ima manampak / lawan malih pralambang galihing kangkung / iku hawa datan obah / ngêdhêm sajroning ginaib //

susuh angin ngêndi gonnya / upadinên ing dalil Kuran muni / waladahu wakaribun / minkibaril warita / Gusti Allah rêrakêtan dunungipun / lan rasa nikmat mupangat / anèng gon ingkang winadi //

kusuma anjrahing tawang / pindha kombang angajab tawèng sêpi / iku tirtaning kêmumuh / lamun têdhuh kawuryan / lir angganing kapuk kataman ing banyu / mratani madyaning jagad / iki pralambang artati //

lan manèh sambunging tata / sinukarta rinambahakên malih / kodhok ngêmuli lèngipun / raga môngka canthuka / anèng ngêrong yèku nyawa isbatipun / karsane kang karya tita / raga angêmuli urip //

kang rôngka manjing curiga / munggèng jawi isbate ponang ragi / yèku anglungguhi suwung / môngka lamun supêna / antuk jaman sayêktine nora mêtu / upama bisa umahya / murut marang têpêtsuci //

randhu alas nut sembukan / randhu alas isbate punang ragi / sembukan nyawa liripun / kalamun raganira / pisah lawan jiwanta

--- 68 ---

sayêkti layu / bali marang ananira / yèku sampurnaning pati //

ana manuk bango buthak / lamun ngêndhog nèng ngênthak-ênthak sêpi / dene kalamun jinupu:k / juga obah sadaya / kang kadyèku awang-awang uwung-uwung / kang dinumuk ora kêna / anèng jagad anglimputi //

suwunge amêngku ana / kang winêngku udara lawan angin / udara nora lumaku / angin katon lumampah / awit saka kasorotan sang hyang banu / bisa nangèkakên panas / udarobah dadya angin //

cublak suwêng suwêngira: / si gêlèntèr mambu kêtundhung mundhing / êmpak êmpong lira-liru / iyèku swasananta / mlêbu mêtu ingaranan lira-liru / ing suwung kang mêngku ana / mungguh sajroning aurip //

cebol arsanggayuh lintang / janma lumpuh bisa ngidêri bumi / angên-angên jatinipun / lan manèh ingkang wisma / kang tan mambu gêgaman apa liripun / iyèku ciptaning manah / nganakkên rupaning panti //

beda ingkang aran wisma / dudu wisma yêktine suwungnèki / lawan malih sualipun / êndi guru sanyata / tan yyan angên-angênira: wit amêngku / pangadilan amongraga / jaksa patih pangulu ji //

lan manèh ki bale atma /

--- 69 ---

êmoh lara kalawan êmoh mati / môngka raga kang kêtêmpuh / kêna ing lara pêjah / marma kaki kang awas tibaning sêmu / nanggulang karsèng murkèngrat / wit raganta kang nglakoni //

anadene kang udara / jagad gêdhe kalawan jagad cilik / yèkti tanna bedanipun / napas mêtu ing grana / nupus mêtu tutuk abab aranipun / tênapas mêtu ing karna / anpasing netra umijil //

anpusakum mêtyèng raga / rêngganganing kanang swanita mijil / wuta tuduh marga tuhu / angambu antuk gônda / katampaning ati wêruh dunungipun / sinidikkên datan cidra / yêkti gandaning mêmanis //

kang aran talining gêsang / swasananta tan kandhêg rinawêngi / tanpa pakon lampahipun / iyèku aran nyawa / balik sapa iya ingkang ngajak turu / lawan ingkang ngajak gêsang / tunggale kang ngajak mati //

sapa kang karya ambêkan / wit udara mênêng datan lumaris / obahe iku kêtundhung / dening maujud liyan / iya iku tunggale kang ngajak lampus / ngêbut ênênging udara / dadyambêkan manjing mijil //

lira-liru datan pêgat / U: umanjing Allah: wêdalirèki / salat daim aranipun / puji tan kênèng pêgat / cêdhak lawan susuh

--- 70 ---

angin dunungipun / yèku marga parapatan / kumpuling rahsa sakalir //

sanggyaning para malekat / Jabarail Mingkail lan Ngisrapil / Ngijrail lan Ngijajilun / padha amasang gêlar / angrêridhu gumiwanging tyas mrih dudu / marma kaki ywa pêpeka / yèn luput ambilaèni //

sapa kang bisa narbuka / wadiningrat: antuk rahmating Widhi / yèku tirta kamandhalu / panglêburing cintaka / kaarsayan kamoitan wus kapungkur / mung nikmat lawan mupangat / lir rasa jingga taruni //

Durma

al islamu: dabikul nupusatina / min sèpi muklipatin / kang ingaran Islam / wong kang bisa amragat / ing nêpsunira pribadi / pamragatira / ing pêdhang nulayani //

antamutu kabêlalmutu jarwanya / mati sajroning urip / ing ngêndi marganya / walahu karibuna / yèku min kibaril warit / Allah rakêtan / ing unggyan kang winadi //

walaohu layukayapu artinya / Allah iku tan kêni / yèn kinayangapa / miyarsa tanpa karna / angandika tanpa lathi / lamun tumingal / tanpa netra udani //

kang ingaran nênggih sipat kalih dasa / wujud ananing Widhi / kidam matismaya / bakal langgêng tan owah / mokal lapah lil kawadis / bèdèng kaanan [kaana...]

--- 71 ---

[...n] / kiyamu binapsihi //

iya iku jumênêng kalawan dhawak / wadoniyah sawiji / kudrat kang kuwasa / iradat aran karsa / ngèlmu kawruh kayat urip / samak miyarsa / dhasar wruh kalam angling //

pan kadiran kuwasa muridan karsa / ngaliman kang undhagi / kayan ingkang gêsang / samingan kang miyarsa / basiran ingkang ngawruhi / muntakaliman / iyèku ingkang angling //

pikukuhing Islam pan limang prakara / sadat ingkang rumiyin / waashaduana / lailaha ilullah / waashaduana nênggih: / Nabi Mukhamad / iya rasulullahi //

satuhune pan ora ana Pangeran / nanging Allah sayêkti / pan satuhunira / Kangjêng Nabi Mukhamad / utusaning Maha Suci / artining sadat / ngandêl marang Hyang Widhi //

kaping kalih ashaduana ilaha / ilaana kang arti / satuhune nora: / nana aran Pangeran / nanging ingsun kang mandhiri / angandêl marang: / angên-angên lan eling //

kang kaping tri: ashaduana ilaha / ilahuwa kang arti / satuhune nora / nana aran Pangeran / nanging suwung kang mandhiri / angandêl marang: / jumênêngirèng ghaib //

kaping catur ashaduana ilaha / illa anta kang arti / satuhune [satuhu...]

--- 72 ---

[...ne] nora / nana aran Pangeran / nanging kudrat kang mandhiri / angandêl marang: / ana lawan pribadi //

kaping kalih salat warna ro winahya / juga salat ngabêkti / subuh lohor ngasar / mahrib kalawan ngisa / ping kalih ran salat daim / swasananira / lumaku manjing mijil //

iya iku puji kang tan kêna pêgat / u: kalamun umanjing / utêg têgêsira / Allah: kalamun mêdal / angên-angên lawan eling / swarèng sasana / yèn suptagung kapyarsi //

kang kaping tri jakat warna ro winahya / juga jakat wèh picis / miwah rajabrana / lawan eklasing manah / dwi jakat danakkên kardi / myang kabêcikan / nanging kang sêpi pamrih //

kaping catur wong pasa tiga winahya / juga ngam datan bukti / sarupaning pangan / nanging lamun tan bêtah / nginang udud iku kêni / noraran batal / dwi kas yèku tan bukti //

sarupaning pangan apadene kinang / lan udud nora kêni / tri wong pasa aksa / iku sasênêngira / nanging ywa lali ngabêkti / riwusing nadhah / mrih antuk sihing Widi //

kaping lima khaji warna ro winahya / juga wong munggah khaji / mring nagari Mêkah / laju maring Madinah / nujum astana jêng nabi: / dinil mustapa / nayakèngrat sinêlir //

--- 73 ---

salallahu angallaihi wasalam / dwi têgêse wong muphti / sajatining Islam / wallahu karibuna / yèku minkibaril warit / Allah rakêtan / lan unggyan kang winadi //

kang ingaran: sarengat iku sêmbahyang / lan anut rèhing nagri / tarekat tatanya / sapa ingkang sinêmbah / lan apêpatut mèstuti / agnyaning praja / ywa kongsi salah dalih //

de kakekat manêmbah sabênêrira / lan manut rèh kang titi / komram ing sapraja / makripat kinawruhan / ya nêmbah kang tanpa budi / lan manut prentah / ywa tan wrin kang kinardi //

kang ingaran: lêluri dayaning kudrat / kayata: bayi lair / warnane ki jabang / nêmu saking kaanan / pêpak saranduning dhiri / tur yayah rena: / nira tan ngrasa ngukir //

de nalaring yèku bayi sinusonan / karo-karoning tunggil / bisa tanpa ajar / nêtêpi prajanjian / saking lêluhurirèki / nganti tan ngrasa / amung nêtêpi wajib //

de ngakali yaiku bayi dinadah / nglêstarèkkên pakarti: / nira janma wrêdha / pênêt kadadiannya / sumambung tumrahing wuri / tur kinurmatan / pêncar praptèng samangkin //

de ngadadi: bêbayi pinulasara / wusing diwasa nuli / pinardyèng piwulang / dening yayah renanya [rena...]

--- 74 ---

[...nya] / ing kawruh sabilik-bilik / pangarahira: / ywa kongsi tibèng nisthip //

kang ingaran: dat sipat asma: apêngal / yèku rupa sawiji / dat: araning rupa / sipat: tandhaning rupa / asma jênêngirèng warni / miwah apêngal: / panggawenirèng warni //

kang ingaran: wajib wênang: lawan mokal / yèku asmaning Widhi / wajib: sinêbuta / lan wênang: ingandêla / nanging mokal wujud dadi / awit tan ganjar / mulung saking ngastèki //

dalil Kuran: bakaratan waasila / esuk sore mèngêti / ananing pangeran / mung yèn ing wayah rina / yèn wêngi kêkês murinding / kêndêl swuh sirna / têpa luh wèh mêmanis //

Dhandhanggula

ciptèng nala nora maro kapti / kang katampan dening woding prana / lir pangrasa upamine / lêbda mangapus kinungkidung. / nanging nora bisa anyambi / pakarti liyanira / beda kang winuwus / rasa bisa maro karsa / angrasakkên lêgi atanapi pait / barêng padha kêrasa //

netra ugi bisa maro kapti / kadi ta anon lintang rêmbulan / dinulu katon karone / grana bisa angambu / bêbarêngan wangi lan pêsing / karna amaro karsa / awit bisa ngrungu / unining bêndhe

--- 75 ---

angangkang / bêbarêngan lawan jumêdhoting bêdhil / mung dhêle kang kapyarsa //

pagawean tumindak pribadi / obahe lawan nora ingagnya / lembehan lumaku kêdhèdhèp /Lebih satu suku kata: lembehan lumaku kêdhèp /. lêluri aranipun / dene lamun dipun owahi / binarêng kang lembehan / anjog yèn lumaku / kang kêdhèp pyêke ginantya / angowahi lêluri ran jirim jisim / yèku agnyaning driya //

kang ingaran Mukhamad kakiki / jumênêng kita lawan priyôngga / têlung prakara adêge / Mukhamad jaba milu / raga kita ingkang sajati / Mukhamad jêro ana / jro paesanipun / Mukhamad kadim awarna / wêwayangan kang ana sajroning manik / mêngku têlung prakara //

iya iku rasul awarna tri / juga rasul jaba pratandhanya / yèn krasa gatêl awake / rasul jro kalihipun / angrasakkên lêgi lan gurih / rasul kadim ping tiga / krasa jroning turu / kapenak lan tan kapenak / apadene ngrasakkên panganan adi / nir rasane sanyata //

maol kayat yèku banyu urip / utawa tirta ingkang nirmala / sastrajendrayu wus dene / bunbunan kang kumêdut / ingaranan panggonan suci / yèku betal mukadas / lan pujining rasul / yèku kêkêtêking jaja [ja...]

--- 76 ---

[...ja] / apadene pujining roh tuwuh sidhi / kêdut kêtêking tangan //

Nur Mukhamad lir soroting rawi / iya iku wayanganing netra / lawan pinêtêl katone / praptaning môngsa layu / yèn tan keguh kagodhèng eblis / ing kono dunungira / amanggih swargagung / mung rasa nikmat muphangat / limut marang kaananirèng dumadi / tan jalu tan wanita //

dalil Kuran ana ingkang muni / betal makmur ênggon paramean / yèku utêk angêmbêng we / wor tirta kamandhalu / angêbêsi otot kang manjing: / ing netra lan ing karna / ing grana myang tutuk / yèn asat kang tirta marta / anuwuhkên rogèng raga angranuhi / luput-luput antaka //

Kyai Agêng Wulusan têlas piwulangipun dhatêng ingkang putra Radèn Udakawimba, kasok sihipun, malah salêbêting galih: Radèn Udakawimba badhe kapupu kapundhut mantu piyambak, nanging dèrèng kawêdhar, awit Rara Sêndhang dèrèng diwasa.

Kacariyos Radèn Udakawimba karêmênipun anênêpi dhatêng ing rêdi-rêdi sarta ing jurang-jurang, pinambêng dhatêng ingkang rama Kyai Agêng Wulusan: botên kenging. Galihipun [Galihi...]

--- 77 ---

[...pun] Radèn Udakawimba kados rinujit kèngêtan sariranipun dhumawah ing papa sande dados gêgadhanganing satriya ingkang binadhe raja, ing wanci bakda sêmbahyang ngisa nilapakên ingkang rama kesah nênêpi dhatêng ing rêdi kados sabênipun, nuju wulan purnama hyang sitarêsmi katawêng ing imalaya nipis rumamyang katingal lumampah badhe oncat saking pêpêtêng, lintang-lintang sami surêm sorotipun kados dening kênyaring sasôngka rudatos angêmu susah, lampahipun Radèn Udakawimba dumugi sukuning rêdi Kênaka, wontên guwanipun panêpèn, angongkang jurang ingkang angubêngi rêdi, rêdi Kênaka botên patos agêng nanging mênggêr, antawis namung saêpal mubêng, lambunging rêdi ingkang sisih kidul mêdal toyanipun lajêng mili mangilèn angoncori pasabinan ing Sumbêrêja, ingkang lèr kalèthèkan jurang ambambing, radèn sare wontên ing guwa alèmèk ron palasa aking, akajang sirah tugêlan kajêng sêmpu, sadalu amêrêm mêlik botên sagêd sare ngantos mèh gagat enjing, botên amanoni utawi botên angsal sasmita punapa-punapa, kakên galihipun lajêng sare pisan. Ing wanci byar hyang aruna nyoroti lawanging guwa,

--- 78 ---

Radèn Udakawimba wungu saking sare kagèt aningali sadhasaring jurang nyrêmomok kados wana kawêlagar, dipun waspaosakên têtela yèn wontên mrêngangah abrit dening kasorotan padhanging srêngenge, radèn eram ing galih dene wontên kêtingal anèh salêbêting jurang, sêkunging galih badhe kanyatakakên dhatêng ing dhasar, Radèn Udakawimba lajêng mudhun pados margi ingkang rèpèh, wusana manggih undhak-undhakan sela cêndhani sampun katutup ing rumput mêrakan, radèn eram ing galih dene undhak-undhakan wontên ing jurang, lajêng gampil udhunipun, namung kantun miyak rêrungkudipun, dumugi ing ngandhap: Radèn Udakawimba sumlêngêrên aningali wêdhinipun abrit kawoworan mas ore sarta sêsotya amôncawarni, katingal pating karêlip, saha eram malih têtela yèn ingkang katingal abrit wau tutuping kori gapuraning kadhaton: têmbaga sari kagêmbêlèng, wontên sorogipun agêng taksih manjing, kori lajêng kawêngakakên gampil kemawon, byar katingal candhi kadhaton salêbêting guwa, kados punapa kemawon eraming galihipun Radèn Udakawimba, [Uda...]

--- 79 ---

[...kawimba,] saha eram malih dene salêbêting guwa kados kaswargan sagêd padhang kados kapadhangan ing diwangkara, botên sumêrêp bilih sampun wontên pintên-pintên bolongan margi angin ambêkta pêpadhang saking jawi, Radèn Udakawimba lajêng malêbêt dhatêng kadhaton, dumugi kori agêng kèndêl aningali rêrêngganing kori, tutuping kori gêmbêlèngan salaka pêthak, tinatah ing kênaka angrawit, têbênging kori wontên sasêratanipun budakala, mungêl: Sang Prabu Kalapardha, iya Sangkalawêrdati, gêgunungan utawa ratune para diyu rasêksa kang adhêdhôngka saubênging guwa-guwa sarta gunung-gunung talatahing nuswa Jawa kang angrênggani sarta akadhaton ing Tirtakandhas.

Radèn Udakawimba sawêg sumêrêp yèn punika kadhaton ing Tirtakandhas, ing galih ragi ajrih bilih taksih rêksasanipun, nanging ing sêrat pêpakêm cariyos purwa Prabu Kalapardha sampun tumpês sawadyabalanipun kala andhustha Dèwi Erawati dening Wasi Jaladara sarta Radèn Pamade. Amargi saking nyênyêtipun botên wontên sabawa kêmirêng, nelakakên suwêngipun kadhaton, [kadhato...]

--- 80 ---

[...n,] mila Radèn Udakawimba sirna sumêlangipun, korining kadhaton lajêng kasorog mênga, sangêt eraming galih dene botên wontên ingkang katingal rêpit, sadaya taksih wêtah ayam, rêrêngganing prabasuyasa sarwa êmas, radèn lajêng ambikaki gêdhong-gêdhong salêbêting kadhaton, sadaya kuncinipun taksih sami manjing ing inêbipun piyambak-piyambak, pintên-pintên rajabrana karaton taksih pêpak, tuwin bêkakas dhahar sawa êmas tuwin salaka, wusana ambikak gêdhong rajabrana, ing ngriku kalêmpaking donya arta mas sarta salaka pintên-pintên kulah, mas ore sampun kawadhahan ing êncèh agêng: pintên-pintên kathahipun, Radèn Udakawimba mangartika salêbêting galih: yèn rajabrana iki lêstari kaduwe ing aku kabèh, kasugihaku angungkuli para ratu ing ngalam dunya kang misuwur dhewe. Nanging yèn luput-luput sêmbire nganti kauningan ing ratu kang ambawahake padhukuhan ing Sumbêrêja kene wurung sugih: rajabrana kadarbe ing liyan, awake malah kaparentah.

Radèn Udakawimba sampun kacariyosakên ing ngajêng yèn lantip yêyasan pakartining kriya, kagungan osik [osi...]

--- 81 ---

[...k] yèn sapucaking ardi badhe kadamêl kadhaton, saubênging rêdi kapasangan bètèng, jurang ingkang minôngka larènipun, jurang Kênaka kabobol anjog ing kadhaton, mawi pipa ingkang amadhangi margi, dados rajabrana lêstantun wontên ing ngriku, namung kapêndhêt saking ênggènipun kemawon, dhasaring jurang dados pasimpênan rajabrana agung, taksih kathah malih osiking galihipun Radèn Udakawimba, lajêng mêdal saking jurang laju kondur kapanggih ingkang rama. Kadangu dene ngantos siyang sawêg wangsul, radèn matur bilih katilêman wontên ing jurang. Antawis dangu Radèn Udakawimba matur dhatêng ingkang rama yèn anggènipun asring nênêpi angsal kamirahaning pangeran sagêd nyipta wêdhi dados mas ore.

Kyai agêng kagèt mirêng arturipun ingkang putra, cobage: nyatakna kawruhmu iku, amêsthi aku lan kowe dadi wong misuwur. Ingkang putra matur: punika botên kenging kasat mata ing sanès: rama, kêdah mawi salat kajat wontên ing rêdi namung kalayan ijèn. Mênawi kaparêng: rama namung narimah anampèni saking kula sacêkapipun karsa sampeyan, sarta sakajêng kula, nanging mênawi kaparêng [ka...]

--- 82 ---

[...parêng] rama sampun mawi mêmancèni kajêng kula anggèn kula badhe angwêdalakên wragad kathah angrêjakakên dhukuh ing Sumbêrêja.

Iya: gèr aku bakal nurut ing sakarêpmu, nanging nyatakna kandhamu iku, dadi ora kaya caturane wong ngimpi.

Mangke dalu kula wangsul nênêpi, enjing kula wangsul, ambêkta kasagahan kula wau.

Bakda salat ngisa Radèn Udakawimba tindak kados sabênipun, sarta ambêkta kandhi agêng, dumugi ing guwa lajêng sare kemawon, enjing mudhun dhatêng ing jurang lajêng malêbêt ing guwa kadhaton, ambikak gêdhong rajabrana, mêndhêt mas ore sakandhi ngantos kêbak, lajêng kondur kapanggih ingkang rama. Ingkang rama gita amêthukakên ingkang putra sarta lajêng dipun jak malêbêt dhatêng dalêm, pratingkahipun kadamêl wados, bêbêktanipun ingkang putra lajêng pun sok wontên ing bèri salêbêting gêdhong. Ingkang rama anjêngêr dene wontên mas ore samantên kathahipun, nanging ingkang putra botên pisan-pisan katingal tumut eram, eramipun sampun katilar wontên ing jurang kadhaton: ingkang tansah winados, ingkang putra

--- 83 ---

lajêng dipun rangkul sarta dipun pangandikani: gèr, kowe lan aku bakal misuwur sugih saka rajabrana pêparinging Allah, aku kang bakal anglêbur mas iki sarta andadèkake dandanan kang akèh pangajine.

Kacariyos Radèn Udakawimba lajêng angirup tiyang kriya sami dipun jak gêgriya ing padhukuhan Sumbêrêja, dipun cêkap kabêtahanipun, botên antawis wulan padhukuhan Sumbêrêja dados nagari, karsanipun Radèn Udakawimba dipun lêksanani, nyithak banon pintên-pintên kêthi, ngobong gamping pintên-pintên lumbung, tandho wêdhi ngantos kados rêdi, kasarêng panggarapipun bètèng sarta pangêburing rêdi, punapadene pangrakiting kadhaton, tuwin margi agêng têrusan lan margi simpangan, dalasan tanêman rêrêngganing kadhaton miwah pêpêthetaning margi wau ingkang amurih aub, kajêng kênari, cêmara tuwin asêm, wringinipun katanêm ing prapatan, kagalih sarênga dadosipun, amargi saking kawasisanipun Radèn Udakawimba: dadosing nagari brêng kados nagari tiban, uparêngganing kadhaton sarwa kancana, kori jêplakan ingkang manjing ing guwa dhasar: winadi, sumingit [sumingi...]

--- 84 ---

[...t] ing lengkonganing paningrat panêpèn, tinatanan rêrêngganing pamujan asarwa kênaka, bilih kabikak bolonganipun bundêr pindha pipaning margi angin, wontên timbalanipun bêsatan tarikan sarta uluran kawat balêdhèg, sakêdhap sagêd dumugi ing ngandhap, sakêdhap sampun wangsul dumugi ing nginggil, sanadyan tukangipun ingkang sami nandangi botên sumêrêp kajêngipun, sarta botên sumêrêp dhasaring guwa, wêdaling prabeya sadintên-dintên ambèr kados udaling umbul ing môngsa rêndhêng, têtiyang alit ingkang sami nyambut damêl sadintên-dintên tanpa wicalan, kathah ingkang lajêng sami anjrak tumut gêgriya ing padhukuhan Sumbêrêja. Èrèng-èrènging rêdi sacêlaking margi agêng kasipat kadamêl pakampungan, trêping griya atharik-tharik tiningalan anglam-lami.

Kacariyos Kyai Agêng Wulusan tansah ngalêmbana ing kagunanipun Radèn Udakawimba, botên nyana bilih padhukuhan Sumbêrêja enggal dados nagari agêmah arja, mirah sandhang pangan, para juragan sampun kathah ingkang sami dhatêng sarta adamêl pamondhokan agêng. Ciptanipun kyai agêng: Radèn Udakawimba tumuntên badhe kapundhut [kapundhu...]

--- 85 ---

[...t] mantu, awit Rara Sêndhang sampun nêdhêng birai.

Radèn Udakawimba kondur dhatêng padhukuhan kangên badhe kêpanggih kalihan Kyai Agêng Wulusan, wanci wimbaning sandyakala: anjujug ing panêpèn, kados sabên-sabênipun, kaprêgok Rara Sêndhang mêntas angladosakên wedang jae dhatêng ingkang rama, sang rara sampun nêdhêng birai sarta sampun wiwit jajal-jajal ngagêm kasêmêkan, awit bilih dipun mêkaki sampun ambaludag, ananging taksih sabukwala, amargi taksih kidhung pangagêming kasêmakan, dados tansah marucut, dilalah kapêthuk radèn bagus, sang rara gugup ambênakakên kasêmêkanipun, nanging pucuking kasêmêkan kêsupèn taksih dipun cêpêngi ing asta kiwa kemawon, pun jajal-jajal adamêl bilai anjalari baludhaging toya bênawi botên kêpambêng ing setubanda, nampyuk galihipun sang pangeran, kêlêm kabalabak dening karoban ing mêmanis, sang juwita enggal oncat malêbêt ing dalêm, sang pangeran kantun anggana sumingêb kados kasabêt ing poncot kasêmêkan ingkang mawa wisa mandi, tujunipun kêngengehan sagêd ningali kicating pada jumangkah katingal gumêbyar dening kawingkising sumilakipun [sumilaki...]

--- 86 ---

[...pun] poncoting tapih, kêlap-kêlap kados wêrdu gangga lumampah ing wanci dalu, nanging têka dados usada: botên, malah dados wisuna agêng adamêl rontog sarta rujiting galihipun sang pangeran. Lêbêtipun ing panêpèn Radèn Udakawimba sampun katingal anandhang brôngta kenging sambanging putri lêlampah. Ingkang rama anggraita pêthuk kalihan karsanipun, ing batos badhe panantunipun kados botên madal sumbi. Ingkang rama gita anapa. Radèn, nganti lawas têmên ora ngendhang-endhangi mulih.

Inggih rama, amargi saking kathahipun padamêlan ingkang kula kajêngakên sarta kêdah kula lêrêsakên piyambak, ing mangke saking pangèstu sampeyan, prasasat sampun rampung aparipurna.

Sukur: ênggèr, nanging pangrunguku gonmu yasa omah angimba-imba kadhaton, sarta bètèng samono ambane iku apa ora nuwuhake dukane sang prabu ing Tuban, ginalih yèn kowe sumêdya balela ing ratu.

Prakawis punika: rama, mugi sampun kagalih, dhasar sampun kula niyatakên amêmêngsahan kalihan ratu ing Tuban, awit punika satru kula.

--- 87 ---

Kapriye ênggèr, kang kogawe milawan mungsuh ratu abôndha-bandhu misuwur kaprawirane.

Rama: punika sampun kula kawekani sarta kula botên wangwang dhatêng kasêktènipun sang prabu, angabên wulêding kulit, atosing balung tuwin pamasanging byuha panangkêping satru kula badhe botên wingwrin utawi mundur sajangkah.

Ênggèr, aku ora liwat mung andongakake katêkane apa sasêdyamu. Kajaba iku ênggèr, sarèhning kowe isih lamban, sarta wis môngsa rabi, apa ora prayoga kowe nganggo garwa, miliha anake para rôngga dêmang ngabèi, êndi kang kosênêngi, mêngko dakdhodhoge lawange, takrewangi suku jaja atêkên janggut karo pamanamu si pangulu olèhku arêp ngrabèkake marang kowe.

Sakalangkung panuwun kula rama: sih mule sampeyan dhatêng kula. Ila-ila punapa ingkang kula panggih mênawi kula botên matur satêmênipun, kula matur: ing ngajêng kula botên gadhah cipta badhe rabi, têbih ningali dhatêng wanodya endah, nanging sarêng kula sumêrêp dhatêng citranipun yayi Sêndhang manah kula kagiwang, mila parêng botên parênga putra

--- 88 ---

sampeyan yayi Sêndhang kula suwun piyambak dadosa jatukramakula, malah kula apratignya salêbêting manah: kula badhe botên rabi ing salami-laminipun bilih botên angsal yayi Sêndhang, pramila panyuwun kula dados botên katanggêlan anggèn kula ngakên bapa dhumatêng panjênêngan sampeyan.

Kyai Agêng Wulusan asrêp ing galih midhangêtakên aturipun ingkang putra Radèn Udakawimba, walèhipun punika ingkang dipun upadosi. Radèn apa kang pinikir manèh yèn wis dhasar dadi kêncênge karêpmu, aku wis anglilakake adhimu rara Sêndhang koêmong dhewe, mung aku titip yèn ora ana kanggone bae aja kosiya-siya, ulihna marang aku, awit bocah ugungan cilik mula ora mambu ajar.

Rêntah galihipun Radèn Udakawimba midhangêtakên pangandikanipun ingkang rama. Rama kula botên cipta krama, namung badhe ngêmong dhatêng yayi Sêndhang ing salami-laminipun.

Botên kacariyos rêroncenipun, Radèn Udakawimba sampun kalampahan dhaup kalihan Rara Sêndhang agêng [a...]

--- 89 ---

[...gêng] bawahanipun, ngantos pintên-pintên dintên pasamuwaning pangantèn, nêlasakên suka-parisuka. Sasampuning kawandasa dintên, Radèn Udakawimba sakalihan ingkang rayi Dèwi Sêndhang nyuwun rilah ingkang rama bibi misah badhe angênggèni kadhaton wangunan sapucaking ardi, ingkang rama saha ingkang bibi inggih anglilani kalayan suka pirênaning galih.

Kacariyos Radèn Udakawimba lêstantun mukti wibawa, nanging salêbêting galih dèrèng marêm yèn dèrèng malês ukum dhatêng ingkang uwa. Radèn Udakawimba sampun dangu kaklêmpak bala adamêl prajurit suralodra asikêp tamèng towok, surapanglawung asikêp waos, surawarastra asikêp jêmparing, surapawaka asikêp sanjata, suradahana nyêpêng mariyêm, surapati prajurit sinêlir, sadintên-dintên tansah ingulig kasudiran sarta kawantêraning prang, sasampuning matêng dhatêng wêwadi pamasanging gêlar sarta sasampunipun samêkta, punapadene sasampunipun kagalih kuwawi lumawan mêngsah prajurit ing Tuban, Radèn Udakawimba lajêng adhêdhawuh nglurug dhatêng nagari Tuban, sariranipun dados senapatining prang anindhihi baris, para [pa...]

--- 90 ---

[...ra] prajurit muntab kakêndêlanipun gambira ing manah, bidhaling baris andalêdêg kados toya mêdal saking rong, ambrol kados enggal-enggala anglarutakên bala ing Tuban.

Gêntos kacariyos nagari ing Tuban, panjênênganipun Prabu Warihkusuma sampun midhangêt pawartos yèn ing padhukuhan Sumbêrêja wontên kraman, gêgununganing kraman anakipun mantu Kyai Agêng Wulusan, dados prajurit kinawasa sêkti môndraguna, sagêd manjing ajur-ajèr, sarta misuwur sagêd damêl mas ore, kasugihanipun angungkuli para ratu sugih ingkang misuwur ing jagad, sarta kasugihanipun wau dipun wradinakên dhatêng para kawulanipun, mila kawulanipun sami ajrih asih sarta sêtya tuhu ngidhêp saparintahipun, sang prabu rumaos wingwrin, karoban dening pawarta, lajêng miyos sinewaka pêpak ingkang wadyabala, kyai patih sampun wontên ing ngajêngan, sang prabu andangu dhatêng kyai patih, bapa apa kang dadi wartane ing jaba.

Kawula nuwun gusti, wontên kraman agêng ing padhukuhan Sumbêrêja, ingkang angeram-eramakên enggalipun sagêd [sagê...]

--- 91 ---

[...d] yasa kadhaton kinubêng ing balowarti kandêl saêpal mubêng, sarta sagêdipun kaklêmpak bala piniluta rinoban ing arta busana, punapadene kawartos sagêd ulah prang kados trahing kusuma, kasêmbuh gadhah kawruh sagêd damêl mas ore, sumêlang kawula mênawi putra tuwan Radèn Udakawimba, badhe malês ukum dhatêng panjênêngan paduka, awit rumaos kasakitakên manahipun suwitanipun wontên ing ngarsa paduka.

Uwa, kaya ana èmpêre tangguhira iku, lah ing mêngko kêpriye kang dadi pamikirira, dèrèng dumugi pangandikanipun sang prabu kasaru gègèr ing jawi lêbêtipun bupati tamping tanpa larapan, kêplajêng mêntas prang kalihan cucuking baris ing dhusun Sumbêrêja, tanpa kiwul linud winêjêg purun risak tanpa kukupan.

Sang prabu gugup pandangunipun, apa Si Udakawimba kang dadi gêgununganing kraman.

(Bupati tamping) Kawula nuwun gusti, ingkang pindha ratu inggih senapatining prang kadosdene putra tuwan Radèn Udakawimba, awit warnanipun gagah prakosa arawis capang sariranipun cêmêng, putra tuwan tanpa ngagêm rawis tuwin [tuwi...]

--- 92 ---

[...n] sariranipun kuning anêmugiring, (lolosipun Radèn Udakawimba dèrèng ngagêm rawis, cêmênging sarira amargi kêkênthung anggènipun ajênêngi yêyasan, dipun sarirani piyambak), sang prabu lajêng adhêdhawuh mêpak bala, otêr tiyang sanagari, botên dangu sampun samapta, ingkang dados cucuking lampah inggih senapatining prang putranipun kyai patih ingkang sampun dados nayakaning praja nama Radèn Lodaka, sang prabu karsa nyarirani prang kadhèrèkakên kyai patih wrêdha, dumugi kikising praja kandhêg dening panyêranging mêngsah sampun angrampit kitha, sang prabu gugup lajêng amasang gêlar ombaking samodra pasang, sagung wadyabala tinata ambalabar angèlèbiangêlêbi. papan, para bupati dados panjawat, sang prabu kalihan kyai patih wontên ing têngah. Radèn Udakawimba enggal malik gêlar jurang gêmpal, lajêng pêrang brubuh, bala ing Tuban ingkang minôngka toya mili dhatêng ing jêjurang sirna larud tanpa lari. Makatên upaminipun bala ing Tuban kalêbêt ing gêlar tanpa budi kapikut sami asrah bongkokan, Sang Prabu Warihkusuma enggal oncat saking palagan, binujung dening Radèn Udakawimba botên sagêd kêcandhak, kêtilapan awor pakathik, kyai patih

--- 93 ---

sampun sêpuh tansah ingampingan dening ingkang putra Radèn Lodaka punika gampil kêtawanipun, wusana kyai patih sumêrêp yèn mêngsahipun ingkang putra piyambak Radèn Udakawimba, kyai patih botên pandung, awit Radèn Udakawimba dipun pundhut putra wiwit timur mila, lajêng dipun rangkul sarta dipun tangisi, Radèn Udakawimba inggih bela karuna, dangu arêrangkulan, wusana kyai patih ngandika: kadospundi: gèr, mas putu gusti kula ingkang dados karsa sampeyan têka badhe ngrisak dhatêng karaton kagungan sampeyan piyambak.

Rama, kula badhe botên adamêl risaking wadya alit, agêngipun adamêl sedanipun kangjêng uwa, sayêktosipun namung badhe nyêrêpakên ing awone tindakipun uwa prabu dhatêng kula, sarta supados mantuna panganggêpipun ingkang nyimpang saking kautamèn, anganggêp anak kuwalon, utawi tunggakan kêmadhuh, botên nganggêp anak kapenakan, wusana kangjêng uwa lajêng oncat saking palagan, iba kangjêng ibu dukanipun dhatêng kula, saupami kula lajêng angatingal. Awit saking punika rama, kula botên lajêng angêbroki kadhaton,

--- 94 ---

badhe lajêng ngupadosi pangungsènipun kangjêng uwa, amêsthi dhatêng ing Banyubiru, awit pamirêng kula sang prabu putri ing Banyubiru ingkang apêparab Dèwi Wayi mêntas sinerenan kaprabon saking ingkang rama Prabu Hèrtambang, punika garwanipun kangjêng uwa, pangangkah kula bilih kenging nagari Banyubiru karèha nagari Tuban, ing mangke rama kula aturi wangsul dhatêng nagari saha wadyabala sadaya, nindakakên prakawising praja kados saban-saban sarta rumêksaa kangjêng ibu, ngantos sadhatêng kula ambêkta kondur kangjêng uwa. Namung putra sampeyan uwa, Radèn Lodaka kula têdha kula jak anglurug dhatêng ing Banyubiru, sarta dadosa pêpatih kula, kula jak laralapa anglampahi panas pêrih, kyai ingkang rila.

Mas putu gusti kula, kula sampun botên maoni karsa sampeyan, sampun lêrês sadaya, sarta kula badhe ngestokakên ing wêling sampeyan rumêksa praja sadungkap kula tiyang sampun sêpuh, punapadene kula sampun lêgalila pun Lodaka sampeyan karsakakên dhèrèk andon prang. Têlas rêmbagipun radèn putra kalihan kyai patih, lajêng sami bidhal andum paran sarta andum [a...]

--- 95 ---

[...ndum] wilujêng.

Gêntos kacariyos lolosipun Prabu Warihkusuma saking paprangan, anarka bilih nagarinipun sampun kaêjegan mêngsah, punapa Radèn Udakawimba punapa tiyang sanès, punika dèrèng kantênan, mupus salêbêting galih, kêncênging karsa badhe mawiku kemawon lajêng tindak amurang margi, dumugi sukuning ardi Rancakarni cêlak pasanggrahanipun Prabu Hèrtambang ngiras kangge pakèndêlan layon, punika wontên marginipun angambat simpangipun ingkang dhatêng pasanggrahan, turut pèrèng minggah dumugi ing lambunging ardi, ing ngriku wontên guwanipun alit acèkli, kados tilas pratapaning maharsi, katitik wontên paomanipun, wêwêngkoning guwa: patamanan, nanging katingal sampun risak, kêkajênganipun agêng-agêng, kadosta: kumuning bang, nagasari, soka tuwin sanès-sanèsipun, angayomi pamidikan, sang prabu kacaryan ing galih sumêdya kèndêl têtruka wontên ing ngriku. Wêwêngkoning guwa lajêng dipun rêsiki sarta lajêng damêl pasarean kalikaning kajêng sêcang ginapit ing panjalin wungu, kajang sirahipun dhumpal kajêng walulin, sang prabu [pra...]

--- 96 ---

[...bu] pados rêrêmbêsan toya unjuk, manggih bêlik alit wontên ing loroganing asrama, wêning toyanipun, mili pating srèwèh anut ing lêlêdhokan dening botên dipun kalêmpakakên, anjog ing jêjurang kumriwik ngorêgakên padhas rêngka gumrênggêng tanpa kèndêl kêmirêng angêrês-êrêsi manah kados pasambatipun sang prabu anggènipun nandhang papa cintraka pisah lan garwa putra. Sang prabu padamêlanipun namung anênanêm palawija kênthang jagung tuwin canthèl, kangge panggêsangan salêbêtipun matiraga, sabên dalu botên towong wontên ing paoman anêgês karsaning dewa ingkang linuwih ing atasing sariranipun punapa lulus botên sagêd angsal pangapuntên, ananging dèrèng angsal wêwênganing sasmitanipun dewa, mila sang prabu tansah nungku puja samadi.

Gêntos kacariyos, Sang Prabu Hèrtambang sampun yuswa sarta sampun rumaos kathah tunadungkapipun pangastaning pangadilan, karsanipun ingkang winadi angêntosi timbulipun ingkang putra mantu Sang Pangeran Warihkusuma, ananging tita botên sagêd pikantuk wartos, sarèhning sampun botên kenging dipun êntosi, karsanipun lajêng badhe [ba...]

--- 97 ---

[...dhe] sèlèh karaton dhatêng ingkang putra Dèwi Wayi, kalampahan pisèlèhipun sang prabu katampèn dhatêng ingkang putra, jumênêngipun sang prabu putri mawi pasamuwan agêng sarta mawi kajênêngan para ratu ing amôncapraja, pangastaning paprentahan sarta pangadilan parapabên, panêrak tuwin lampah kadurjanan sampun botên nguciwani, kawasisanipun malah angungkuli kala taksih kaasta ingkang rama. Nagari Banyubiru tambah tataraharja, mirah sandhang pangan, tulus ingkang sarwa tinandur, sang prabu putri adhêdhawuh karsa tindak pêpara ing talatahipun nagari Banyubiru, bokmênawi taksih wontên papan ingkang maluwa dèrèng dipun griyani ing tiyang sarta pasitèn ingkang bêra jalaran kirang kacêkapanipun ingkang anggarap, tindakipun sang prabu putri sagêlar sapapan, sarta mawi andhungan dhahar kanggenipun ing dalêm sawulan, awit badhe dangu ing konduripun. Kacariyos tindakipun sang prabu putri sampun pikantuk samadya côndra. Lêrêsipun ing saênggèn-ênggèn lajêng kapasang motha pinindha kadhaton, kinêpang para wadyabala tarab sami amasang layar pamondhokanipun piyambak-piyambak, sadangune [sa...]

--- 98 ---

[...dangune] tindakipun sang prabu putri botên pikantuk titik karisakaning dhusun tuwin padhukuhan, sadaya sami katingal rêja, pakaranganipun andhêndhêng angestokakên parentahipun umbul sarta paragakipun, nalika punika tindakipun sang prabu putri kadalon wontên sukuning ardi Rancakarni, dhatêng pasanggrahan taksih têbih, mila lajêng amasang motha wontên ing ngriku, sêraping srêngenge ginantosan padhanging rêmbulan nuju tanggal kaping wolu, sitarêsmi rêmu-rêmu kalingan ngrêgêmênging mega cêmêng apindha rêksasa kados angangkah badhe môngsa rêmbulan, lêpat tujunipun ingkang pindha pragalba, rêmbulan oncat dhawah ing mega pêthak, prabanipun sigar salong anyoroti siluk-siluking jêjurang, kados wayanganipun sawêr tapak angin, ebahing gêgodhongan katêmpuh ing angin kados pangawening astanipun satriya ingkang kawêlas asih, anênangi brangtanipun sang prabu putri kèngêtan dhatêng ingkang raka Sang Pangeran Warihkusuma, samirana midit ambêkta gandaning sêkar kumuning, campur kalihan sêkar kalak, angrêmêt galihipun sang prabu putri. Sang nata botên sarèh ing galih lajêng [la...]

--- 99 ---

[...jêng] dandos cara kakung asikêp pêdhang tamsir mêdal saking pakuwon tindak ijèn karsa nyalamur, mubêng amriksani jajahaning rêdi, anyêyupe brangtanipun dhatêng ingkang raka, wontên margi ngambat mêdal èrèng-èrènging ardi dipun turut minggah, panggalihipun sang prabu putri bokmênawi wontên pandhitanipun ingkang maratapa, mokal bilih wontên margi botên wontên tiyangipun, sang prabu putri pancèn wantêr ing galih dhasar sampurna ulah dêdamêl, mila botên kagungan miris lêlampah dalu ijèn, antawis saonjobtansaonjotan. tindakipun sang prabu putri, ing lambunging ardi katingal kêlip-kêlip wontên damaripun, enggal dipun prêpêki rawuh sangajênging guwa sumêrêp pandhita taruna bagus rêspati sawêg nungku puja samadi, sang prabu kèndêl botên sabawa, kalihan amaspaosakên warninipun pandhita, sêdhêng sang pandhita kèndêl panungkunipun, salêbêting galih eram dene wontên pandhita taksih neneman gêntur maratapa punapa ingkang dipun kajêngakên, sang prabu ngalêm salêbêting galih: bagus têmênan pandhita iki, kang tak erami ora êntèk-êntèke olèhe jiblès karo kang lunga andon, apa baya dhèwèke mawiku ana kene. Sasampunipun sang pandhita [pandhi...]

--- 100 ---

[...ta] amudhar asta lajêng lênggah timpuh angajêngakên lawanging guwa, sang prabu têrang ing paningal yèn sang wiku ingkang raka sayêktos, mèh anjêrit nanging dipun sabili, lajêng dhèhèm ngatingal wontên sangajêngingipun sang pandhita, sang wiku sangêt kagèt ing galih dene dalu-dalu wontên prajurit dhatêng ing guwa patapan, panyananipun badhe nukup sariranipun, gêtêring galih kalihan angacarani.

Sumôngga sang prawira ing prang kula aturi malêbêt ing guwa rumpil, rawuh sampeyan ing pratapan dalu-dalu tanpa kanthi amratandhani satunggaling prajurit wantêr ing paprangan, bèr budi lêgawa ing pati, awit Hyang Wisesa rumêksa ing kawantêran sampeyan kinêmulan ing rahayu.

Sang prabu putri lajêng malêbêt satata lênggah wontên ing galar kalothokaning kajêng tingi ingkang ginapit ing panjalin wungu. Sang pandhita tumratab ing galih sumêrêp warninipun sang prabu dene jiblès kalihan warninipun ingkang rayi Dèwi Wayi, ngantos kamitênggêngên dangu botên ngaturakên pambage, malah lajêng carocosan ngêdalakên luh botên karaos, galihipun sang prabu kados sinêndhal, [si...]

--- 101 ---

[...nêndhal,] nanging tansah dipun sabilakên, lajêng ngandika:

Kakang wiku, punapaa sadhatêng kula ing ngriki kakang wiku kirang pirêna ing manah, malah katingal prihatos ngantos angrêntahakên luh.

O, iya jagad dewa bathara, kalingane aku iki mau karawuhan sêsotyaning jagad, dhuh sang sudibya pangapuntên paduka ingkang kula suwun, kula kasupèn bilih kula katamuan sang prawiranom, utusaning dewa ingkang badhe angasrêpi manah kula, sang kasumbung kasêgahan panakrama sarawuhipun ing pacrabakan kula dalu-dalu.

Kakang wiku, ing sadèrèng sasampunipun dahat kalingga murda, kula tampèni ing asta kêkalih, kapêtêk ing pranaja, tumanêm kêkulunging manah, dadosa rat daging kayuwanan, amêwahana bawa lêksananipun rayi sampeyan pun andon lêlana.

Kula anilakrami ing ngajêng pundi pinôngka, ing wingking pundi sinêdya, sintên kêkasihipun sang pangeran.

Kakang wiku, kula prajurit lêlana dikara, andon pêrang angrupak jajahaning mêngsah, ingkang sudi nêbut nama kula

--- 102 ---

Pangeran Wayi.

Sang pandhita anjêngêr midhangêt wangsulanipun sang pangeran, dene asmanipun sami kalihan namanipun ingkang rayi Dèwi Wayi ingkang sampun murud dhatêng têpêtsuci, ciptaning galih: apa yayi dèwi nitis dadi lanang, lagi wêruh iki ngèlmu panitisan dadi sungsang buwana balik, wong wadon nitis marang wong lanang. Saya kodhêng panggalihipun sang wiku, dene sang prabu putri sakalangkung suka ing galih ambêbingung galihipun ingkang raka, pangandikanipun.

Kadospundi kakang wiku têka kados tiyang kodhêng apêpanggihan kalihan kula, môngka kula badhe pitakèn punapa-punapa dhatêng kakang wiku.

Walèh-walèh punapa, anggèr, sampun antawis gangsal wêlas taun laminipun kula kasedan garwa putrining ratu, warninipun jiblès kados panjênêngan paduka.

Sang prabu gumujêng ngakak, sanadyan yêktosa makatên kakang wiku, tiyang kula punika kakung têka sampeyan brangtani, garwa sampeyan rak putri: ta.

Mêrangi tatal paduka punika, sok wontêna putri: inggih èstri:

--- 103 ---

Milanipun kula matur, asil punapa ambrangtani tiyang jalêr.

Lêrês, mila wontên tiyang kodhêng inggih saking paduka kakung sarta garwa kula sampun murud dhatêng jaman kailangan. Nanging kok kasangêtên têmên jiblèsipun.

Sang prabu saya gumujêng kêkêl, sarwi ngandika: punika saya mokal kakang pandhita yèn wontên titahing dewa wontên ingkang sami warninipun, dêstun mèmpêr punika kula pitajêng.

O, iya dewa iya bathara, punapa kula dadak mawi upata yèn wicantên kula punika damêl-damêl, utawi botên salêrêsipun.

Sang prabu putri rumaos sampun dumugi anggènipun ambêbingung dhatêng ingkang raka sarta rumaos wêlas bilih kêdangon, karsa badhe ambadharakên sarira, lajêng ngandika:

Kakang rêsi, sarèhning sapunika sampun dalu punapa kenging kula nêdha sipêng wontên ing ngriki.

Kula sakalangkung dangan kasipêngan sang pangeran. Ananging sang pangeran punapa kêparêng anggalundhung namung ngagêm kajang sirah dhumpal kajêng.

Botên dados punapa dhasar sampun kula kajêngakên,

--- 104 ---

kula badhe sèlèh sikêping kaprajuritan sarta cucul pangangge ing jawi supados mantun sumuk wontên salêbêting guwa.

Kula sumôngga.

Sang prabu kantun ngagêm rasukan pamêkak madya (entrok), sutra kuning sinulam ing bênang mas, baludaging pranaja amratandhani yèn sayêkti wanodya.

Sang pandhita awas tumingal têtela yèn sang pangeran malihan putri, yèn ta ingkang garwa Dèwi Wayi sampuna seda sarta kasat mata piyambak ing sedanipun, amêsthi sang malih warni lajêng kapondhong, awit têtela yèn garwanipun, sarèhning sampun seda: dados matur anoraga. Dhuh sang damêl kuwuring manah kula punapa paduka putri prajurit têka amiguna dhatêng tiyang tapa.

Sang prabu putri tansah gumujêng sarwi amangsuli: dhasar sampun kula sêdya badhe adamêl wudharing subratanipun kakang wiku. Sang rêsi dipun cakêti sarta lajêng dipun rangkul gapyuk kaarasan wanti-wanti sarwi ngandika:

Kakang adipati ingkang mawiku, kula rayi sampeyan pun Wayi ingkang gêsang ing pati saking dening pitulunging dewa, saha

--- 105 ---

sampun jumênêng nata anggêntosi karatonipun rama ijêngandika kangjêng rama, lajêng lêlana ngupadosi dunungipun sarira sampeyan, botên nyana kêpanggih ijèn wontên salêbêting guwa samun.

Kados punapa plonging galihipun sang pangeran, midhangêtakên aturipun ingkang rayi, sang rêknarêtna. gêntos dipun rangkul sarta wanti-wanti dipun arasi sarwi muwun acarocosan, saking kasokipun ngantos magêp-magêp, sang putri botên sah saking pangkon. Lajêng sami angandharakên lêlampahanipun piyambak-piyambak, satamating cariyos, sang prabu putri matur dhatêng ingkang raka:

Kakang mas sampeyan lajêng kula pondhongi dhatêng pasanggrahan sarta lajêng kondur dhatêng nagari Banyubiru, kula sèrèni kaprabon, awit saking pralilah kula saha pralilahipun kangjêng rama.

Yayi dèwi maha prabu, bab ênggonmu karsa amboyongi marang aku, iku ora bêbakal, nanging bab pisèlèhing kaprabon, iku bangêt ing pamopoku, awit jumênêngku ratu ana ing Tuban tiwas tanpa [ta...]

--- 106 ---

[...npa] gunasêkti sarta sêpi ing kawicaksanan, gampang rinusak ing mungsuh tanpa kiwul, beda karo jumênêngmu sinuyudan ing wadyabala, sanadyan jumênêng ratu putri kaloka kajanapriya, kuncara ing amôncapraja, para ratu ing ngatas angin bawah angin padha suyud kèdhêp kabèh, awit saka misuwuring kaprawiranmu, liraping pêdhang agawe mirising mungsuh, lan awit saka kondhanging kagunanmu ulah gêlaring prang agawe mirising mungsuh sêkti, dhasar sumbaga wirotama, kontap ing kaluwihanmu, mulane aku wis narima dadi êmbananing ratu musthikaning jagad.

Sampeyan punika baud ngumpak dhatêng kula, ngantos sagêd adamêl mongkoging manah jirih.

Ora yayi, aku mung pratela sabênêre bae, ora ngumpak, ora ngonggrong. Karodene manèh yèn parêng ing galih, mungsuhku kang ngêbroki kutha Tuban môngsa bodhoa sirnane dening kowe.

Prakawis karsa sampeyan punika kula selak: botên, sagah: dèrèng kinantên, awit kêdah kula rêmbag kalihan uwa patih tuwin nayakaning praja, punapadene [pu...]

--- 107 ---

[...napadene] dhatêng senapatining prang ingkang badhe anglampahi damêl, sapunika prayogi lajêng kondur dhatêng pasanggrahan kemawon, sapunika sampun anggagat enjing, dhatêngipun ing pasanggrahan: sêdhêng para wadya sampun sami kirab.

Ing wanci saput siti sang prabu putri sakalihan ingkang raka têdhak saking pratapan, pêdhut angampak-ampak angrêmêng margi, rumput kêbunan kasrampat ing pada angêbêsi busana, lamuk sinêrang soroting surya ingkang sawêg mungup saking tancêbing langit saya tipis wusana sirna, kantun ingkang ngrêmêng ing kêkajêngan, kawistara jêlarèhing margi kathah sêsimpanganipun, sang kalih awirandhungan lampahipun sarwi ginêman prakawis rèmèh-rèmèh ingkang adamêl ascaryaning galih, wanci byar rawuh ing pasanggrahan, wadyabala sami kagèt dene sang prabu putri rawuh sampun sakalihan kalihan ingkang garwa Pangeran Warihkusuma, para abdi botên wontên ingkang pandung dhatêng sang pangeran, sami surak gumuruh ambal-ambalan, kyai patih sarta para punggawa kagèt lajêng mêdal saking pakuwonipun piyambak-piyambak, kapanggih kalihan sang pangeran [pange...]

--- 108 ---

[...ran] sampun akanthèn asta kalihan ingkang rayi sang prabu putri, sami suka-suka sarta sami ngaturakên pambage wilujêng, lajêng satata lênggah ing pasanggrahan, sang prabu putri lajêng mangandikakakên kapanggihipun ingkang raka mawiku wontên ing guwa patapan sarta mangandikakakên lêlampahanipun sang pangeran kalihan titi botên wontên ingkang kalangkungan, sang prabu putri mundhut pirêmbag ing bab pamalêsipun dhatêng kraman ingkang ngrabasèng kitha Tuban.

Aturipun kyai patih sarta para nayaka sarêmbag kalihan senapatining prang: pantês sang pangeran angsal piwêlas pamurina saking sang prabu, dèrèng dumugi anggènipun pirêmbagan kasaru dhatêngipun pacalanging baris, ngaturi uninga yèn wontên dêdamêl agêng lumampah nuju ing pasanggrahan, sang prabu putri angintên yèn punika mêngsahipun ingkang raka sang pangeran, lajêng adhêdhawuh samêkta prang sarta dhawuh nata gêlar wana kawêlagar, angèl sasak-sasakanipun.

Radèn Udakawimba sampun kaaturan uninga yèn cucuking baris kandhêg dening kapambêng baris malang ing margi, kados [kado...]

--- 109 ---

[...s] sarayanipun ratu ing Tuban. Radèn Udakawimba anguningani gêlaring mêngsah rumaos kawêkèn sarta ngalêm salêbêting galih bab rapêting pasangipun gêlar angèl sinusupan, ewadene Radèn Udakawimba sagêd anggalih ungguling yudanipun, lajêng adhêdhawuh masang gêlar ombaking samodra pasang tumêmpuh ing pêrang, angêlêma ubaling dahana, lajêng prang brubuh, sampun kathah longipun ing pêpêjah, sang prabu putri sumêrêp yèn gêlaripun kenging kasusupan, lajêng amalik gêlar setubanda ambrol, bala ing Sumbêrêja kèrut larut kapalayu kalêbêt ing gêlar, Radèn Udakawimba kesisan bala, badhe katukup lajêng oncat saking palagan, kadhèrèkakên para prajuritipun sinêlir lèrès sumêdya kondur abêbiting wontên salêbêtipun kitha, supados mêngsahipun ngêlud sapurugipun, wontên ing kitha Sumbêrêja amêsthi gampil kapracondhang saking santosa sarta wêriting balowarti, angèl lêbêt-lêbêtanipun, marwasa mêngsah saking sanginggiling balowarti, gampil kemawon, tikang-tikunging margi lampahing mariyêm prigêl sangêt, botên wontên kidhungipun pisan-pisan, awit saking kawasisanipun Radèn [Ra...]

--- 110 ---

[...dèn] Udakawimba. Sang prabu putri sumêrêp yèn sesaning mêngsahipun ingkang botên katawang: lèrès, lajêng ingêlud sapurugipun dumugi ing Sumbêrêja, malêbêt ing balowarti ingkang angeram-eramakên santosanipun, sang prabu kandhêg wontên ing jawi, panggalihipun sang prabu wadyabalanipun amêsthi badhe nêmahi risak bilih pangrêbating balowarti namung kalayan wantah kemawon, gampil tinumpês ing gurnat gutuk api dening kêpapan wontên ing margi sungil. Sang prabu lajêng ambudi sarana ingkang kenging kadamêl gêlar garudha nglayang, lajêng adhedhawuh yasa palwa udara, bakalipun motha kinêlam ing wêsi janur, ingêsapan saking latu balêdhèg, sagêd mumbul ing gêgana, sarêng sampun samêkta lajêng katumpakakên para prajurit pêpilihan sami asikêp dêdamêl, sang nata piyambak yasa sakoci boma, katitihan kalihan ingkang raka sarta para wirotama, sami andêdêl muluk ing gêgana angungkuli baluwarti, lajêng cumlarot saengga thathit, tumuju ing kadhaton sarta lajêng dipun brêgi, para prajurit mangrêmpak saking wingking adamêl karisakaning mêngsah, Radèn Udakawimba gugup dening dipun [di...]

--- 111 ---

[...pun] kagètakên dhatêngipun, botên kantênan tataning baris, awit linambung saking wingking dhatêngipun saking gêgana rikat kados angin, Radèn Udakawimba kasêlut ing papan kacêpêng dening senapatining prang lajêng kaawêran cindhe kaladosakên ing ngarsanipun sang prabu putri sakalihan sampun sinewaka wontên ing pandhapa agêng, sarêng kalihan sowanipun para wirotama kairid senapatining prang ambêkta pangagênging kraman sampun kaawêran cindhe, kasowanakên ing ngarsanipun sang prabu mabukuh wontên ing siti, Sang Pangeran Warihkusuma botên pandung yèn pangagêng kraman ingkang putra kuwalon Radèn Udakawimba. Lajêng kadangu:

Kalingane kowe Udakawimba, kang gawe ura-uruning praja Tuban, sarta agawe karusakanaku, awit kowe panjilmaning satruku turase yayi Prabu Warsakusuma, ing mêngko kowe bakal nampani pidana saka pangwasane yayi dèwi maha prabu, Radèn Udakawimba tumungkul tan panon rad idhêpipun.

Sang prabu putri lajêng ngandika dhatêng Radèn Udakawimba, radèn: aku pitakon marang kowe, saiki apa kang

--- 112 ---

kokarêpake, nungkul, utawa: ora.

Kawula nuwun, gusti, ingkang abdi angaturakên pêjah gêsang, mênawi kenging mugi kaabdèkna.

Kowe apa wis somah.

Kawula nuwun sampun: gusti, pikantuk anakipun Ki Buyut Wulusan, nama Rara Sêndhang.

Timbalana mrene sarta wong tuwane lanang wadon.

Ki Buyut Wulusan saakrabipun, sakacêpêngipun Radèn Udakawimba sami adus luh ngalêmpak wontên ing kadhaton, amêmuji lêpating paukuman pêjah, Radèn Udakawimba, kasaru wontên utusan saking ngajêngan, ki buyut saanakbojonipun katimbalan, lajêng kèrid salampahing utusan, Rara Sêndhang lumampah ing têngah kaapit ing yayah renanipun, mangangge lungsêd rambutipun maruwun, katingal amêmêlas, dumugi ing ngarsanipun sang prabu putri lajêng sami lênggah makidhupuh konjêm ing siti, sang prabu putri awas tumingal ing citranipun ingkang pindha ratih Rara Sêndhang botên kalih kalihan sang prabu putri kados jambe nèm sinigar palih, namung kaot anèm kalihan sêpuh, pangunandikanipun sang prabu [pra...]

--- 113 ---

[...bu] putri: elok têmên Buyut Wulusan duwe yoga kaya mêngkono. Sang prabu ugi malongok andulu citranipun Rara Sêndhang, dene angêblêgi citranipun ingkang rayi.

Sang prabu putri lajêng andangu: aja dadi atimu kaki Wulusan, aku pitakon marang kowe ing satêmêne, Rara Sêndhang iku apa anakmu têmênan, dene citrane angeram-eramake.

Kawula nuwun: gusti, ila-ila punapa mênawi kawula matura dora ing panjênêngan paduka, kadangu ing ratu ingkang kuwasa ing bumi, sayêktosipun Rara Sêndhang punika anak kawula pupon, pikantuk kawula cadhang ing bênawi, wontên ing kêndhaga, kèli isi bêbayi.

Sang prabu sumêdhot ing galih bokbilih punika putranipun ingkang dipun labuh ing bênawi, sang prabu lajêng ngandika, gêndhagane saiki apa isih.

Kawula nuwun, taksih, kawula tarang wontên ing langitan.

Mara jupukên.

Kawula nuwun, inggih sandika. Gêndhaga kapundhut lajêng kacaosakên ing ngarsanipun sang prabu putri sarta lajêng [la...]

--- 114 ---

[...jêng] katingalan kalayan titi, bakalipun kajêng cêndhana kinarawistha ing lunglungan apindha alum, wontên sasêratanipun Ibrani mungêl rajaputri putrinipun Dèwi Wayi patutan saking Pangeran Warihkusuma, ingkang seda konduran, dèrèng dumugi pamaosipun sang prabu putri anjrit mudhun saking palênggahan angrangkul ingkang putri Dèwi Sêndhang sarwi lara-lara karuna, nanging Dèwi Sêndhang botên tumut bela karuna, awit botên sumêrêp darunanipun, makatên ugi Sang Pangeran Warihkusuma, saya botên tumut bela karuna namung kèndêl, nanging amêraki ingkang rayi angudi punapa darunanipun muwun, dangu botên angsal wangsulan, wusana dipun aturi yèn Dèwi Sêndhang punika putranipun sang pangeran ingkang linabuh ing bênawi, sang pangeran lajêng ambêngok tumut karuna sarta brêng tiyang sapasewakan sami bela tumut karuna. Sirêping tangis: sang prabu putri wangsul lênggah ing dhampar ingkang putra Dèwi Sêndhang botên pisah wontên ing ngarsanipun sarta tansah dipun tingali, Radèn Udakawimba kadhawahan anglukari pusaranipun cindhe sarta ingapuntên dosanipun têtêp minantu ing sang prabu ing Banyubiru. Wontên ing padhukuhan Sumbêrêja andumugèkakên sukaparisuka, antawisipun [a...]

--- 115 ---

[...ntawisipun] sawulan: sang prabu putri karsa kondur dhatêng ing Banyubiru, ingkang putra sakalihan andhèrèk, sarawuhipun ing nagari ingkang rama Sang Prabu Hèrtambang kaaturan rawuh ing nagari saking pacrabakan, sarawuhipun kapêthuk ingkang putra, sang prabu putri sampun akanthèn asta kalihan ingkang raka Sang Pangeran Warihkusuma, sarta kadhèrèkakên ingkang putra Dèwi Sêndhang akanthèn asta kalayan ingkang raka Radèn Udakawimba, putra wayah sami tundhuk angaraspada, lajêng sami dipun rangkul gêntos-gêntos, awit sang prabu wrêdha sampun kaaturan uninga ing bab lêlampahanipun ingkang putra.

Antawis sataun Radèn Udakawimba wontên ing Banyubiru lajêng kajumênêngakên ratu saking wêwênangipun sang prabu putri: wontên ing nagari Tuban, namung sabên warsa kadhawuhan sowan saos bêkti laminipun sawulan. Sang Pangeran Warihkusuma botên karsa kondur dhatêng ing Tuban, lêstantun angêmbani ingkang rayi sang prabu putri wontên ing Banyubiru kemawon. Dene ingkang rayi Dèwi Wrêsti kadhawuhan momong ingkang putra Prabu Udakawimba, kalihan sariranipun têtêpa dados sadhèrèk nak-sanak.

Tamat.

--- 0 ---

INHOUD

Hèrtambang, Prabu ...: Ratu ing Banyubiru,

Udakawimba, Radèn ...: Putranipun Prabu Warsakusuma patutan saking Dèwi Wrêsti,

Rancakarni, Ardi ...

Toyatuli, Radèn ...: Patihipun Radèn Warihkusuma nalika jumênêng ratu wontên nagari Tuban, anakipun Kyai Patih Toyamarta,

Toyamarta, Kyai Patih ...: Patihipun Prabu Sindupati, tumurun dhatêng Prabu Warsakusuma, ingkang ngopèni Radèn Udakawimba duk timur.

Tuban, nagari ...: Ingkang jumênêng ratu Prabu Sindupati, lajêng ratu Prabu Warsakusuma, lajêng ratu Prabu Warihkusuma, lajêng ratu Prabu Udakawimba,

--- 0 ---

Sindupati, Prabu ...: Ratu ing Tuban, pêputra kalih R. Warihkusuma, saking ampeyan, R Warsakusuma, saking pramèswari,

Sumbêrêja, dhukuh:dados nagari kraman,

Warihkusuma, R., Warsakusuma, R.: Sami putranipun Maha Prabu Sindupati

Wrêsti, Endhang: Ingkang ibu R. Udakawimba, Sutanipun Umbulmudal

Wayi, Dèwi ...: Putranipun Prabu Hèrtambang, kagarwa R. Warihkusuma,

Lodaka, R. ...: Anakipun Kyai Patih Toyamarta dados patihipun R. Warihkusuma sakêdhap, nalika jumênêng ratu ing Tuban

Pandhita,: Pêputra kalih sami èstri, a. Endhang, dados garwanipun paminggir Prabu Sindupati,

--- 0 ---

Patutan R. Warihkusuma, b. Endhang, angsal Umbulmudal, patutan Rara Wrêsti, dados R. Warihkusuma en Wrêsti panggih nak-sanak

Jalasêngara, Ki Tumênggung ...: Senapatining prang ing nagari Tuban

Jumadilkobra

Bin Mukhamad Daus, Sèh ...: Gurunipun Kyai Agêng Wulusan, manjing agami Islam,

Mukhamad Daus, zie Jumadilkobra,

Mudal, Umbul ...: Bapakipun Endhang Wrêsti.