Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kôndha Bumi, Padmasusastra, 1924, #112

Katalog:Kôndha Bumi, Padmasusastra, 1924, #112
Sambung:-

Sêrat Kôndha Bumi

--- 0 ---

Karanganipun Ki Padmasusastra

Tiyang mardika ingkang marsudi kasusastran Jawi ing Surakarta

(DIPERLINDOENGI HAK PENGARANG Stb. No. 600 Taoen 1912.)

Kawêdalakên sarta kasade dening: Toko buku: Tan Khun Swi ing Kêdiri - Surakarta 1924

--- 2 ---

Padoeka Jm. Toean M. Ng. PRODJOPOESTOKO

(KI PADMOSOESASTRO)

Beliau seorang jang ahli dalam bahasa Djawa, dan banjak mengarangkan kitab-kitab bahasa Djawa yang berfaedah.

--- 3 ---

Ing padhukuhan Maetala, pangagêngipun nama Umbul Jaga Mandhala, wêkêl ing damêl, sugih rajakaya maesa lêmbu, rêmên ngingah pitik iwèn ayam, kambangan, menthog, brati, banyak, ngantos tanpa wicalan, lumbungipun kêbak pantun, tiyang nutu pating crêngklung, botên wontên kèndêlipun, mênir, katul, dhêdhak, mêrangipun dipun jakatakên. Semahipun Ki Jaga Mandhala tariman saking karaton, taksih kalêbêt santananing ratu, rukun anggènipun bêbojoan, Ki Jaga Mandhala sae manahipun, wêlasan dhatêng tiyang pêkir mêskin, dipun tulung sakadaripun, agêng dananipun dhatêng tiyang malarat, têtiyang sadhusun Maetala sami ajrih asih dhatêng Ki Jaga Mandhala.

Ki Jaga Mandhala rumaos bêgja dene botên kirang sandhang têdha, dhasar linulutan sarta ingaji-aji têtiyang sadhusun Maetala, punapa kajêngipun ing saboboting awakipun sagêd kadugèn. Nanging mênawi ngèngêt-èngêt anggènipun dèrèng gadhah anak, kabingahanipun sirna sadaya, sèndhèn ing saka adhêlêg-dhêlêg botên wicantên. Ingkang èstri anggraita bilih ingkang jalêr prihatos lajêng dipun cêlaki sarwi wicantên: Ontên napa sampeyan kèndêl mawon, napa

--- 4 ---

ontên sing dados galihe.§ madya antara mawi krama inggil.

Kowe kuwi wong wadon, ora tau duwe susah, beda karo wong lanang.

Bedane napa, sampeyan susah: kula ênggih tumut susah, bingah ênggih tumut bingah, ontên namane tiyang èstri niku: suwarga nunut, nêraka katut, nanging tiyang susah niku rak ontên jalarane.

Kabungahaning aurip apa mung gêndhon rukon bae, dhasar wis sugih bêras pari kêbo sapi, omah gêdhe-gêdhe, sandhangan muwah-muwuh, balik yèn aku kowe tumêka tuwa tiwas ora duwe anak, sapa sing anduwèni bandhamu iki kabèh, ora wurung kadarbe ing wong kang ora milu kangelan.

Bok Jaga Mandhala kraos manahipun kêmbêng-kêmbêng lajêng nangis sênggruk-sênggruk, wicantênipun:

Prakawis niku kêdah sampeyan galih sing sayêktos, kula mirêng ontên tiyang sagêd, tilas priyantun saniki mawiku èntên ing Lêbu Pasir, nama Kyai Rasatala niku bantêr tapane, sêpi têng pamrih, êngga sami sowan mrika mawon nyuwun [nyuwu...]

--- 5 ---

[...n] pitulungane supados sagêda gadhah anak.

Aku iya wis krungu sarta sêdyaku iya kaya sêdyamu kuwe, dadi ewon kêbênêran padha karêpe. wis ta sesuk bae mênyang Lêbu Pasir, saiki gawea jadah jênang, jadahe rongpuluh ulig, jênange sapuluh tingkêm, karo êndhog pindhang patang puluh, ginawe tutup rai olèh-olèh.

Ênggih.

Wanci enjing Ki Jaga Mandhala kalihan ingkang èstri dipun iring ing rencang kêkalih minggah dhatêng rêdi Lêbu Pasir, dumugi ing pacrabakan kalêrês sang wiku lênggah, ngadhêp parimbon.

Kula nuwun panêmbahan.

Padha ambacuta kene bae.

Inggih sandika.

Majua bae linggiha sing kapenak.

Inggih. Kula nuwun panêmbahan, sowan kula ing ngarsa sampeyan kalihan tiyang èstri, sapisan: ngaturakên bêkti kula saha bêktinipun tiyang èstri. Kaping kalih ngaturakên angsal-angsal jadah, jênang sarta tigan pindhang sakêdhik, kagêm pacitan ngunjuk wedang ing wanci enjing.

--- 6 ---

Iya bangêt panarimaku, kowe anak putu saka ngêndi, jênêngmu sapa.

Kula umbulipun dhukuh Maetala, nama kula Jaga Mandhala.

Apa sing kawarta sugih kêbo sapi kae.

Saking pangèstu sampeyan inggih kula punika warninipun.

Têkamu ing kene apa ana pêrlune.

Kula nuwun panêmbahan, sowan kula ing ngarsa sampeyan dhapur kapêtêngan manah anggèn kula tiwas dèrèng sagêd gadhah anak, punika mênawi kêparêng kula nyuwun pitulung isarat tumuntênipun kula sagêd gadhah anak.

Ana uga isarate, nanging nganggo laku, tur ora mêsthi katarima, mung wajibing aurip nganggo istiyar, kowe apa kêduga nglakoni.

Inggih sandika, badhe kula lampahi kalayan sucining manah, sarta lampah wau namung badhe kula anjingakên istiyar, kados dhawuh sampeyan, dados istiyar wau dèrèng mêsthi angsal, nanging wajib kula lampahi.

Sukur yèn kowe wis duwe panêmu mung kok anjingake marang istiyar, yèn ana cabare: aja ko arani goroh, mung lagi durung pinarêngan bae.

Punika botên pisan-pisan mênawi kula anggadhahana cipta

--- 7 ---

kados ingkang kapangandikakakên wau, kajawi namung badhe ngèstokakên sapitêdah. Mênggah lampahipun mênawi botên wados mugi kadhawuhakên.

Ora ana sing wadi mungguhing jamu, mung nalika tibaning wiji sarêsmi iku ana patrape kang ginawe wadi, lakune diarani: saptabrata, têgêse: laku pitu, mara rungokna tak wuruki êmèle. Lajêng dipun wêjang, lair batosipun, pangandikanipun:

Ari Buda kasapta, angum tirta saparigi sapta, ing Sukra kasapta, cumbana kasapta, ing tabuh sapta krêsna, rahsa rinêsêp siniram ing tirta marta, dadya Atma Allah kang akarsa, têgêse:

Ari Buda kasapta (= dina Rêbo nêptu ... 7)

Angum tirta saparigi sapta (= adusa sumur ... 7)

Ing Sukra kasapta (= ing pitung Jumungah ping ... 7)

Cumbana kasapta (= cumbana ping ... 7) sabên Jumungah cumbana sapisan, ping pitung Jumungah, dadi ping 7

Ing tabuh sapta krêsna (= wayah sore jam 7)

Anggèn kula badhe nglampahi supados botên kadho-kadho mugi kadhawuhna pisan.

Mêngkene:

a. Sabên dina Rêbo ( = malêm Kêmis) adusa sumur 7 wiwit jam [ja...]

--- 8 ---

[...m] 6 sore, jam 8. 10. 12. 2. 4. bêngi, sarta jam 6 esuk, ganêp ping } = X 7

b. Sabên dina Kêmis esuk wayah jam 7, adus kramas sore jam 7, (= malêm Jumungah, bakda ngisa cumbana.)

Lakune:

c. Sabên bêngi wayah jam 3 tutug jam 4 = 7 mêtu mênyang latar ngadêg marêp mangulon, iyaiku ambarêngi têtuwuhan modot madungdung sari mêkar, katrajang ing angimandaangin manda. anrajang panggonan samadi arum angambar, Gusti Allah pinarak samadyaning jagad.

Êmèle:

d. He Allah, kawula ngestokakên karsa tuwan, kawula badhe nurunakên wijining dumadi, mokal dhawahing wiji siya-siya, amêsthi tuwuh tumêngkar ngisèni buwana, mugi tuwan nêmbadanana.

Uyup-uyup:

e. Sabên esuk wayah jam 7 godhong pace 7 lêmbar, sarta

--- 9 ---

pêntile kang tumrucuh 7 iji, karo adas pulawaras, kunir asêm sapantêse, yèn wus olèh 7 dina lèrèn, nuli uyup-uyup manèh gilir gumanti 7 Jumungah.

Jamune:

f. Sabên ing dina Rêbo, dadi 7 dina sapisan, suluring mandira mudha lan suluring pandhan wangi satêkêm, jinantonan banyuning êmpon-êmpon, ginêcak tanpa warih, antuk sabêruk pajamon, tinetesan banyuning uyah lanang anaa 7 tètès.

Cumbana.

g. Patraping cumbana kudu môngsa loro ayo padha tak wêjang ana ing pahoman.

Sumôngga.

Wis mangêrti, kowe.

Sampun.

Ayo bali mênyang ing jaba.

Sumôngga.

Mung iku, umbul, kalayan karsaning Allah sajroning 7 Jumungah, bojomu ngandhêg, wis ta padha muliha tak rewangi cêgah mangan cêgah turu, kabula panyuwunmu.

--- 10 ---

Inggih, nuwun panêmbahan, badhe kula lampahi kalayan têmên-têmên, mugi angsala barkah sampeyan, kula lajêng kalilan mundur.

Iya Umbul, nyangoni slamêt.

Inggih nuwun.

Kula nyuwun pangèstu panêmbahan.

Iya, nggèr, Nyai Umbul, nyangoni slamêt.

Inggih Nuwun.

Kacariyos Umbul Jaga Mandhala lajêng tapabrata kalihan bojonipun, tilêm taritis, cêgah nêdha cêgah tilêm, ngèstokakên pituturipun sang pandhita, kanyatahan bok Jaga Mandhala katingal ngandhêg sawulan, kados punapa bingahing manahipun Ki Jaga Mandhala, amutahakên bôndha sagadhah-gadhahanipun kadamêl dana driyah dhatêng pêkir mêskin, sarta botên kêndhat misungsung dhaharan dhatêng sang pandhita. Dumuginipun ing môngsa sangang wulan, bok Jaga Mandhala kraos nyakiti badhe gadhah anak, nanging kasêngkala, bayi botên sagêd-sagêd mêdal, dipun isarati punapa-punapa ngantos nêlasakên gêndhing mêksa dèrèng sagêd mêdal, ngantos 7 dintên, wusana sagêd mêdal, kêmêl mêdal dhampit, (jalêr èstri)

--- 11 ---

sarêng kalihan pêsating yitmanipun bok Jaga Mandhala, kados punapa susahing manahe Ki Jaga Mandhala, tinilar ing bojo jaka lara rencangipun sapati-saurip§ sapati-saurip KN Niet sapêjah-sagêsang. kados upaminipun karêbahan rêdi, wontên panglipur sakêdhik dene manggih anak kêkalih jalêr èstri sami wilujêng sarta katingal saras. Kulawarganipun Ki Jaga Mandhala sampun pêpak sami ngêntosi parentah, layonipun bok Jaga Mandhala lajêng kinèn nucèni sarta lajêng pinaripurna sakêdhap sampun rampung, botên nguciwani uparêngganing layon, lajêng kinubur nunggil lêluhuripun.

Ing padhukuhan Maetala, wontên tiyang bêbojoan dèrèng gadhah anak, nama Ki Jaga Mandhala, lajêng madhukun dhatêng Sang Pandhita Rasatala wukir Lêbu Pasir, katarimah sagêd gadhah anak mêdal dhampit, nanging bok Jaga Mandhala pêjah konduran.

Ki Jaga Mandhala rumaos susah ngopèni bayi kêkalih dening tiyang jalêr sumêlang mênawi kapintên, pamanahipun prayogi kacaosakên dhatêng sang pandhita, supados winimbasara wontên pratapan, ing ngriku botên kêkirangan bidhang dhayang

--- 12 ---

sontrang, mêntrik§ bidhang = inya, dhayang = têba, sontrang = dhukun, mêntrik = ngruktèni pangangge. kalihdene malih panganggêpipun Ki Jaga Mandhala, lare wau lare pujan, botên talompe sarêng sampun paripurna pamêtaking layon, Ki Jaga Mandhala kairing kulawarganipun sawatawis bidhal dhatêng padhepokan ing Lêbu Pasir, ambêkta anakipun kêkalih, sarta ambêkta abon-abon sapêpakipun sakalangkung kathah, dumugi ing pacrabakan lajêng anjujug ing panêpèn, sang pandhita sawêg nyêrat wedha ing rontal, kagèt dhatêngipun ki umbul sarta ambêkta anak kêkalih jalêr èstri, enggal sinapa.

Bagea sing lagi têka, kowe umbul ing padhukuhan Maetala Ki Jaga Mandhala, apa padha raharja.

Kula nuwun panêmbahan, sowan kula ngaturi uninga bilih abdi sampeyan tiyang èstri rencang lare mêdal dhampit, tiyang èstri pêjah konduran, bayi kêkalih sami wilujêng, punika kula saosakên ing panjênêngan sampeyan, dening kula tiyang jalêr dhudha rumaos botên sagêd ngopèni dhatêng lare wau, dene prabeyaning lare sapamong inyanipun kula ingkang nyanggi, punika wau kula ugi sampun ambêkta abon-abon [a...]

--- 13 ---

[...bon-abon] sawatawis, kula sumôngga.

Ora nyana aku, yèn bojomu kasêngkala duwe anak mati konduran, iku baya wis pêsthine, manungsa mung sadarma nglakoni, ora liwat pamujiku mung ditawêkal bae atimu, ngèlingana marang anakmu lanang wadon, bokmênawa dadi wiji kêna kogondhèli, dene anakmu kopasrahake mênyang aku iya tak tampani kalawan suka pirênaning atiku, anakmu apa wis kowèhi aran.

Dèrèng, kula sumanggakakên ing panjênêngan sampeyan, mugi kaparingan nama.

Sing lanang tak jênêngake Puthut Sapartitala, sarta kêna sinêbut radèn, dening isih warènging ratu turun saka biyung, sing wadon tak jênêngake Endhang Siti Pasir, ngêpèk arane pratapanku sathithik.

Kula sampun amrayogèkakên, sarèhning sampun dumugi, kula mugi kêlilan mundur.

Iya umbul, aku nyangoni slamêt.

Inggih nuwun.

Kacariyos Ki Umbul Jaga Mandhala, satilaripun ingkang èstri manahipun ngênês, botên sagêd lipur dening gadhah anak [a...]

--- 14 ---

[...nak] kêkalih, malah sabên kèngêtan anênangi prihatosipun, wasana kêcandhak ing sakit dados lan ajalipun, katunggilakên kalihan ingkang èstri, ugi sampun ngaturi uninga dhatêng sang pandhita, andadosakên pangunguning galih, lare kalih dados lare yatin, botên gadhah bapa biyung, sigêg.

Kacariyos lare kêkalih winimbasara wontên ing pratapan, dinusan ing toya gege enggal agêng, kalis ing sêsakit, kalajun agêngipun, sasampunipun wanci ngumuripun pinrêtêk ing piwulang dening sang pandhita, lare kêkalih landhêp-landhêp manahipun kados lare kajiman, sabarang ingkang dipun wulangakên sagêd kalêbêt, alus bêbudènipun dhasar limpad ing panggraita sagêd ngêmpakakên dugi prayogi, kasok sihipun sang pandhita, winutahakên kawruhipun, dhatêng Puthut Sapartitala, winulang kawruh jaya kawijayan, kadigdayan lan kanuragan, botên têdhas tapak paluning pandhe sisaning gurinda, sarta kawruh kridhaning praja, pangrèhipun dhatêng balatôntra, rumusaking ripu dibya sumusuping byuha kalawêrit, widagda sadaya, dhasar warninipun sêmbada dhegus, gêdhe bagus sarira abrit lir têmbaga sari, brengos capang ngombak pindha [pi...]

--- 15 ---

[...ndha] parsasarpa. tapak angin naut mêmangsan, pantês trahing winani, sinêmbuh bantêr tapabrata anêtêpi ing kapandhitan, têbih dhatêng wanodya. Sang Ayu Siti Pasir, dinama-dama dhatêng ingkang eyang, kinudang krama satriya, marma winêlêg ing kramaniti asusilaning wanita among maru dhomas, sinihèng priya.

Kacariyos Radèn Sapartitala, sanadyan kapati brata tilar dhahar tilar guling, ancasipun botên dhatêng kapandhitan, rêmên suwita ing nata, konjêm marikèlu wontên ngarsanipun ingkang eyang, tigang dintên tigang dalu dèrèng sinapa, sang pandhita lêgêg ing galih, pangunadikanipun,pangunandikanipun. apa baya karêpe putuku iki, dene ora mobah ora mosik ana ing ngarêpanku nganti têlung dina têlung bêngi, wusana ngandika, Kulup Sapartitala, apa ana karêpmu kang wigati, dene ora lunga-lunga saka ing ngarêpanku.

Pukulun, ila-ila punapa ingkang kula panggih bilih kula botên prasaja kadangu sang panêmbahan, sajatosipun manah kula awrat mati raga wontên ing pacrabakan, dene kaprawiran kula pêparingipun eyang badhe ical tanpa lari, kêpêndhêm wontên ing balubukanipun latu pamujan, lêstantun ngantos dumugi ing pêjah, dados badhe tanpa tilas mênggah ing gêsang [gê...]

--- 16 ---

[...sang] kula, kula nuwun eyang, mênggah ingkang dados kajêng kula ingkang kalayan idi paduka, kula badhe suwita ing panjênêngan ratu, kêpengin kaabdèkakên anyêmut gatêl, sukur bage sèwu katarimah pasuwitan kula, sagêd dados punggawaning praja, punika eyang ingkang dados losing kajêng kula.

Sang pandhita midhangêt aturing wayah sanalika kagèt, dene ingkang wayah badhe tilar kapandhitan, rêmên dados brêtyapati, ananging dangu-dangu karaos lêrês aturing wayah, wasana ngandika.

Kulup, karêpmu iku aku iya amrayogakake, ananging ora gampang suwita panjênêngan ratu, ora cukup sangu kapintêran lan kaprawiran bae, isih pirang-pirang prakara pawitane suwita kang kudu disumurupi, supaya dhamangmu aja tumpang suh kang bakal kolakoni, tak tuturi rungokna.

1. Sêtya tuhu ing pangawulan, têgêse trêsna ing gusti trus lair batin, sirik gêdhe nyatur cacading gusti, sanadyan mung ngêthuki bae iya aran ala.

2. Srêgêp marang pagawean kang wus winajibake, nanging ora susah dikatokake ing akèh, bêcik ora katon rampung, tinimbang katon ora rampung.

--- 17 ---

3. Aja mèri marang sihing gusti kang tumiba ing wong liya sanadyan wong liya mau ora nyambut gawe kaya kowe, kowe môngsa wêruha karsaning gusti kang winadi.

4. Rumêksa lan ngowêl marang barang kagunganing gusti, dikaya pangrêksa lan pangowêlmu marang barangmu dhewe.

5. Bisa simpên wadining gusti, ora kêprojol marang ing liyan, sanadyan marang anak bojo iya ora, supaya kowe diandêl marang gusti bisa simpên wadi.

6. Sumurup marang unggah-ungguhing tata krama, aja kongsi kurang luwih, têgêse ngajèni marang sapadha-padha, angluhurake marang wong gêdhe, nanging aja kongsi ora pratitis, yèn kurang aran digsura, yèn luwih aran wong lamis, iyaiku sing diarani golèk pêndhok (pakandêlan).

7. Andhap asor, nanging aja asoring budi, têgêse budimu kang ngumala, gêlêm kalah marang bôndha baumu, nanging ora gêlêm dirèmèhake.

8. Ngalah basa sakêcap laku satindak, nanging aja dadi tukang kalahan.

9. Yèn kowe dierang-erang ana ing pajagongan, aja kolawani catur, mung ewanana bae, iku prasasat wis [wi...]

--- 18 ---

[...s] kotapuk raine.

10. Yèn kowe dikurangajari ing wong aja kok saru, unènana: kewan ingkang tanpa budi gadhah tata krama, cumbu dhatêng bandaranipun, manungsa botên mêkatên, dhèwèke wis ribut atine.

11. Yèn diwaoni gaweanmu kang wis korasa bênêr, aja kopadoni, wangsulana: lêrês karsa sampeyan, mênggahing sampeyan, botên mênggahing gusti.

12. Tutuping pituturku disrêgêp marang pasuwitan, sanadyan pintêra bisa anjara langit yèn kêsèd, iya ora dadi dandanan.

Radèn Sapartitala mirêng pangandikanipun ingkang eyang, ambarêbês ngêdalakên waspa rumaos dèrèng kanggenan, saha sêdya angèstokakên piwêling, merang mênawi anggènipun badhe suwita ngantos katampik dening kirang susila, Radèn Sapartitala matur: Pukulun, mugi kalilan ing dintên punika ugi kula lajêng badhe dhatêng nagari pados pasuwitan.

Iya kulup, aku ora nyangoni apa-apa, mung puji dikirku dadia sangumu suwita.

Aturipun Radèn Sapartitala: Nuwun. Radèn Sapartitala [Saparti...]

--- 19 ---

[...tala] lajêng kemawon saking ngajêngan, botên mawi mêmampir dhatêng dalêm pamitan ingkang rayi, lêpas lampahipun, botên kacariyos.

Endhang Siti Pasir wontên ing paningrat pacrabakan, sawêg nganggit sêkar gambir angsalipun ngundhuh ing patamanan, dipun cariyosi bilih ingkang raka dhatêng nagari pados pasuwitan.

Kados punapa kagèting manahipun, Endhang Siti Pasir tinilar ingkang raka tanpa pêpoyan, narocos luhipun pindha turasan, nêtah dhatêng ingkang eyang dene anglilani kesahipun ingkang raka, suwita dhatêng nagari, sariranipun anggana tanpa rowang, raosing manahipun kados pinêcat, botên wontên kabingahan ing pratapan ingkang pinanggih, kajawi namung ingkang raka Raden Sapartitala, awit wiwit alit ngantos diwasa botên nate pisah sarta sami pinanggih yatin tanpa yayah rena. Ciptaning galih moyar, badhe nusul, pakèwêd sapisan, ingkang eyang môngsa kaparênga, kaping kalih sumusul dhatêng nagari môngsa sagêda nunggil kalihan ingkang raka dening dèrèng manggèn sawêg pados pasuwitan, sarta badhe amêmurung§ amêmurung K. N. met. anyênyande. lampah, putêk manahipun Endhang

--- 20 ---

Siti Pasir, pêpuntonipun badhe kesah saparan-paran pados margining pêjah, awit wontên ing patapan botên kuwawi nandhang susahing manah.

Ing wanci sontên srêngenge badhe sêrap, pêpêtêng andhatêngi kados pangaluping jagad dhatêng Endhang Siti Pasir, sang rara malêbêt dhatêng pamêlêngan kados sabênipun, botên wontên tiyang ingkang anggraitani bilih sang rara nandhang tikbra, pêpuntoning panggalih lajêng badhe lolos ing dalu punika namung angêntosi wanci bang-bang wetan, anyarêngi lampahing bakul sêsadean dhatêng pêkên, saupami lumampah dalu kathah mutowatosipun, sadalu mêrêm mêlik sang ayu botên sagêd sare, sarêng anggagat enjing mêdal saking dalêm, botên wontên ingkang nyumêrêpi tindakipun sang dèwi, lêpas lampahipun momor tiyang dhusun ingkang sami badhe dhatêng pêkên sade godhong kajêng tuwin jêjanganan, sigêg botên kacariyos.

Ing wanci enjing bok êmban ingkang angladosi sang dèwi, sampun sadhiya wontên ing kori, sarêng dipun antawisakên dangu dèrèng wungu dipun thothok kontênipun, nanging ngantos rambah-rambah botên dipun sauri, kori lajêng dipun wêngakakên, sang rêtna pinanggih sêpên, lajêng dipun padosi dhatêng pasiraman [pasi...]

--- 21 ---

[...raman] sarta dipun uwuh inggih mêksa pinanggih sêpên, bok êmban gadhah panyana yèn sang putri murca saking pagulingan, dening tinilar ingkang raka Radèn Sapartitala, lajêng anjêrit alok sang putri murca, sang pandhita kagèt saking panjêritipun bok êmban, enggal têdhak ing dalêm ingkang wayah pinanggih sêpên, sakêdhap angêningakên cipta sampun botên kasamaran badhe lêlampahanipun ingkang wayah sakalihan, nanging taksih sinamar ing dewa, sanadyan namung kaling-kalingan godhong salêmbar yèn ingupadosan inggih botên sagêd pinanggih, wasana mupus ing panggalih pasrah dhatêng dewa ingkang linuwih, lajêng ngandika, Wis aja ana kang padha susah, bandaramu bakal mulya kadadiyane, saiki lagi ginawe lêlakon, sang pandhita wangsul dhatêng pahoman anungku puja sêmadi, nyuwun widadaning lêlampahan ingkang wayah sakalihan, sigêg ing pratapan gêntos lêlampahanipun Radèn Sapartitala.

Kacariyos nagari Bantala Rêngka, ingkang jumênêng nata binathara ajêjuluk Maha Prabu Sultan Mangkubumi, ratu jêjaka têbih dhatêng wanodya, anêngênakên olah kaprawiran, mumpuni sakridhaning byuha kala wêrit, têdhas marang jaya kawijayan muwah kanuragan, sabên-sabên karsa anjênêngi panggladhinipun ingkang

--- 22 ---

para abdi prajurit sasêliran, tarkadhang karsa anyarirani piyambak anglêrêsakên piwulang ingkang lêpat, mila ingkang para abdi sangêt pangatos-atosipun, sampun ngantos kadhawahan bêbêndu, awit sang nata widagda olah dêdamêling prang, misuwuring asmanipun sang nata angèbêgi sacakraning jagad ingkang têpang kalihan prajanipun sang prabu, mila para ratu kathah ingkang sami nungkul botên kalayan kagêbag ing prang, dening karobaning warta kaprawiranipun sang nata, karêmênanipun sang parabu maos sêrat Wedha sarta sêrat babading nagari, tuwin sêrat-sêrat anggitanipun para pujôngga, ngantos sang prabu sagêd piyambak anganggit-anggit mirid yasanipun para pujôngga wau, punika sagêd anêbihakên dhatêng sêngsêming wanodya, sang prabu karsa krama bilih pikantuk wanodya ingkang sampurna ing warni, susila ambêk ngumala, dhasar mêngku kasujanan, bilih botên makatên pratignya badhe wahdat tanpa krama.

Patihipun sang prabu bijaksana, nyêpêng bang-bang pangalum-aluming nagari, nanging sampun wrêdha, punika patihipun ingkang rama sang prabu, lêstantun amatihi sang nata, nama Kyai Patih Janaloka. kyai patih tuna botên apêputra kakung, putranipun namung sêtunggal putri nama Dèwi Pratiwi.

--- 23 ---

Sang prabu miyos sinewaka wontên ing sitibêntar, ingkang wontên ngarsa Kyai Patih Janaloka sarta para nayaka wêwolu, sang prabu kèmêngan badra hirawan, dene dèrèng kagungan senapatining prang, para santana sarta para punggawaning praja dèrèng wontên ingkang dados panujuning galih. Sarêng kalihan lampahipun Radèn Sapartitala dumugi ing nagari lajêng anjujug ing alun-alun, pepe wontên sangandhaping wringin sêngkêran, mabukuh muka konjêm ing siti, sang prabu awas ningali, ngandika dhatêng kyai patih, E bapa patih, mata-mata kapèn kaya ana bocah pepe ana sangisoring wringin kêmbar, enggal kongkonana mriksani, sarta kerida ing lakune. Caraka kapanggih Radèn Sapartitala kadangu sarta lajêng kairid sumewa ing ngarsa nata, sang prabu ngandika:

Kalingane kowe singgugmu kaya bocah saka ing gunung, pepe ana ing wringin kêmbar, jênêngmu sapa, kang ayoga kowe sapa, sêdyamu apa.

Kawula nuwun, gusti, ratu agung ingkang binathara, nyakrawati ambaudhêndha, nyawanipun têtiyang alit nagari Bantala Rêngka ingkang asih ing dasih kaswasih, ingkang abdi nama pun Sapartitala, anakipun Umbul Jaga Mandhala ing dhukuh Maetala ingkang

--- 24 ---

sampun tilar dunya, dipun sukakakên kapêndhêt anak angkat dhatêng Rêsi Rasatala, ing patapan Lêbu Pasir, taksih kalêbêt bawah paduka nata, dene sêdyanipun ingkang abdi nyuwun suwita ing panjênêngan paduka, sanadyan ingkang abdi kapatah dados pakathik dening sêpên kagunan, ingkang abdi namung sandika anglampahi kalihan eklasing manah.

Sang nata rêsêp amiyarsakakên aturipun Radèn Sapartitala, salêbêting galih andugi yèn lare linangkung, dening pinupu ing pandhita ingkang misuwur namanipun, katitik pratitising atur jangkêp tata kramanipun, sakeca ulonipun, namung kaunipun raga taksih anggunungi.§ anggunungi K. N. met angrêdèni. Pangandikanipun sang prabu, Sapartitala sarèhning wis dadi sêdyamu suwita ing ratu mudha, ing têmbe mung aja kaduwung bae, yèn ora bisa nêtêpi pangarêp-arêpmu, aku sok wis akôndha aja nganti kêparan tutuh.

Adhuh gusti kula, ratu agung binathara ingkang misuwur ing jagad, ingkang abdi botên supêna yèn amêmancènana karsa paduka, agêngipun gadhah cipta murina ing manah dening botên angsal sih wilasa paduka têmah dhumawah ing sanès, ingkang makatên [ma...]

--- 25 ---

[...katên] punika têtela ing lêpat kawula piyambak, dede saking paduka, kawula sumêrêp yèn paduka jumênêng ratu kalipatullah, sadaya ingkang kapangandikakakên sarta ingkang kakarsakakên namung wontên samadyaning lêrês, kawulaning ratu kados upaminipun sarah munggèng lautan, kombak-kombul sarta kentas dhatêng ing dharatan atas kawasananing alun, makatên cipta kawula ing dalêm batos, badhe botên anggadhahi manah piduwung sarta anggarantês, dipun bêdhèla manah kawula amêsthi tulisipun sami kados kêcap kawula ingkang sampun kawula aturakên wau.

Sang prabu karênan ing galih midhangêtakên atur wangsulanipun Radèn Sapartitala, lajêng jêngkar angadhaton, Radèn Sapartitala ingandikakakên andhèrèk, kakarsakakên nunggil ing gêdhong patêngganipun para panakawan kêkasih, cêlak ing kamar panêpèn, ingkang sewaka sampun bibaran.

Sang prabu sabên sontên pinarak wontên ing panêpèn, ingkang kakarsakakên ngadhêp Radèn Sapartitala, sang prabu saya waspada yèn Radèn Sapartitala mumpuni dhatêng kawignyan, botên antawis lami, lajêng winisuda dados mantri anom lêbêt, sarta lajêng kakarsakakên andhèrèk tindakipun sang nata dhatêng [dha...]

--- 26 ---

[...têng] gêdhong pangrêmbagan prakawis nagari kalihan kyai patih sarta para nayakaning praja, Radèn Sapartitala kalilan usul pamanggihipun.

Pintên-pintên prakawis ingkang ruwêt dados wudhar, ingkang pêtêng dados padhang dening pamanggihipun Radèn Sapartitala, para nayaka sami kawêkèn nututi mêmanahanipun Radèn Sapartitala, lêmbat bêbudènipun, têbih jêjangkahanipun sumêrêp ingkang wêrit-wêrit, sang nata sakalangkung kêparêng amiyarsakakên pamanggihipun sang prabu botên kuciwa Radèn Sapartitala kaangkat dados punggawa, botên lami wontên lowongan bupati nayaka ajal, botên gadhah waris anak jalêr, karsanipun sang prabu, Radèn Sapartitala kaangkat dados bupati nayaka, sampun botên kuciwa angêmbat prakawising nagari.

Kyai Patih Janaloka sangêt sihipun dhatêng Radèn Sapartitala, sadaya padamêlan ruwêt rêntênging praja kapasrahakên sadaya, awit sampun kenging pinitados anampèni dhawuhipun sang prabu, kinintên badhe botên madal sumbi. Osikipun Kyai Patih Janaloka sarèhning sampun sêpuh badhe sêsèlèh kalênggahan dhatêng Radèn Sapartitala, amargi kyai patih tuna botên gadhah anak jalêr, namung gadhah anak èstri [è...]

--- 27 ---

[...stri] satunggal nama Dèwi Pratiwi, pinunjul ing warni sawêg mêpêg birai punika sagêda dados bojonipun Radèn Sapartitala, paribasanipun nitipakên daging saêrêp tumut ngêpèk kamuktèn, nanging èwêt marginipun dening anak èstri. Kados sarêng kalihan osikipun sang prabu, kyai patih ingandikan dhatêng panêpèn, adatipun bilih katimbalan dhatêng panêpèn, botên anggalih prakawising nagari, anggalih prakawis kadhaton.

Sowanipun kyai patih, sang prabu sampun lênggah ingadhêp para kêkasih. Kyai patih lênggah andhêkukul marikêlu, dèrèng dipun dhawuhi majêng, para kêkasih malah sami kadhawuhan mêdal, sang prabu kantun pinarak ijèn, kyai patih anggraita bilih badhe nampèni dhawuh wados, botên antawis dangu kyai patih ingandikan, mênawi piyambakan kramanipun: wa.

Wa, majua cakêt karo palinggihanku kene.

Nuwun sandika.

Apa kowe sumurup kang dadi karêpku.

Kula nuwun, namung Gusti Allah piyambak ingkang sagêd nguningani saosiking pênggalih paduka.

--- 28 ---

Aja dadi kagèting atimu, Wa, karêpku ora marang bosên, malah marang asih trêsna mênyang kowe, upama ajaa ana lêlakon kang tak kira bêcik dadine, ênggonmu nyêkêl bang-bang pangalum-aluming nagara ing Bantala Rêngka, amêsthi tak lulusake nganti kowe tumêka ing jangji mulih marang jaman kêlanggêngan, sarèhning kowe ora duwe anak lanang, anakmu wadon mung siji, dadi ora bisa ngrasakake kamuktèning bapa, nanging yèn anakmu bisa laki olèh warangkaning ratu, kang anggêntèni kowe, kawibawanmu prasasat ora ilang. Awit saka iku, Wa, patih, kalawan lêgane atimu, anakmu Si Pratiwi tak jaluk, arêp tak lakèkake olèh Si Sapartitala, kowe ngasoa momong anak tak pasthi saprapating pamêtumu dadi pêpatih.

Kyai patih mirêngakên pangandikanipun sang prabu kados siniram ing toya windu, awit kapanujon sangêt kalihan kajêngipun, unjukipun: Gusti ratu pêpundhèn kawula, karsa paduka ingkang kadhawuhakên wau punika, ingkang abdi sampun botên sagêd amaoni, kawula amung andhèrèk sakarsa paduka, botên langkung kawula namung anitipakên anak kawula èstri dhatêng pun Sapartitala ingkang mijil saking karsa

--- 29 ---

paduka, awit kawula sumêlang dening punggungipun anak kawula wiwit lare dumugi diwasa botên mambêt ajar, namung kawula êma-êma saking gênging katrêsnan kawula anak namung satunggal.

Prakara iku wis ana ing aku, Wa, aja sumêlang atimu. Wis ta, kowe mundura, Si Sapartitala tak timbalane.

Kyai patih lajêng mundur saking kadhaton, Radèn Sapartitala katimbalan, sampun wontên ngarsanipun sang prabu, Radèn Sapartitala botên gadhah manah rangkêp, namung kamanah katimbalan, dados adat kakarsakakên tumut manah tata têntrêming praja. Dangu sang prabu botên ngandika, wiyosing pangandika:

Sapartitala.

Kawula nuwun, gusti.

Umurmu wis pira.

Kawula nuwun, kawula sampun nate kadangu. Umur kawula sêlangkung taun.

Apa kowe durung niyat rabi.

Dèrèng, malah sêdya kawula badhe angantuni sasampunipun paduka apalakrama, kawula lajêng rabi.

Aja mêngkono, Sapartitala, kowe bêcik andhisikana aku, karana aku durung karuwan apa karsa palakrama,

--- 30 ---

apa ora, lan bakal ana karsaku kang wigati, kowe rabia olèh anake wa patih, yèn wis kêlakon, wa patih banjur arêp sèlèh kalungguhan marang kowe, amarga wis tuwa kurang kêlar anglakoni pagaweyan abot, pêrlune anitipake daging saêrêp marang kowe, aku wis marêngake.

Gusti, sarèhning awit saking karsa paduka, saèstunipun unjuk kawula namung sandika nglampahi, namung raosing manah kawula botên môngga anggêntosi kalênggahanipun kyai patih, dening kawula rumaos karoban sih dèrèng sagêd malês kadarman, kajawi makatên kawula rumaos dèrèng nyêkapi nyêpêng padamêlan agêng dados warangkaning nata binathara, makatên malih sumêlanging manah kawula mênawi saya kathah tiyang ingkang ngèsêmi, dening kawula trahing tiyang sudra papa aluraning pidak padarakan, kakarsakakên dados nayakaning praja punika kemawon sampun adamêl orêging tiyang sanagari ingkang botên sagêd anggayuh kalimpadaning panggalih paduka, saya malih kawula kakarsakakên dados warangka nata, bokmênawi adamêl jêritipun isining bumi tinarka namung sih paduka ingkang tanpa watês sarta katarik kamantu ing kyai patih, [pa...]

--- 31 ---

[...tih,] botên sumêrêp dhatêng pêrluning praja, praja botên ngabdèkakên asli, ingkang kaabdèkakên budi.

Yèn wong dhêmên mikir caturing wong kang ora dhêmên sarta wong kang ora sumurup, prasasat kowe mikir swaraning angin, sadhela-sadhela atimu tansah kagèt, yèn wong ora duwe pangandêl marang awake dhewe, ora wurung bakal duwe ati ruci sarta ngandhut sumêlang sadina-dina, ora ngandêl marang wong kang kêna diandêl, tarkadhang bojone dhewe disujanani, tinarka satrune, turu tansah mêrêm mêlik, esuk sore trataban watir yèn kaluputan, iba rêkasaning ati yèn wong ora duwe pangandêl, prasasat niaya marang awake dhewe, apa ora mêngkono.

Gusti, saking pangèstu paduka kawula sampun sagêd ngangge kalakuan santosa, kawula botên bingah kaalêm padamêlan kula lêpat, kosok wangsulipun botên susah kacacad padamêlan kawula lêrês, ananging loking jana punika ingkang kêdah kawula kawekani, sok sampuna panjênêngan paduka anguningani ciptaning manah kawula, dados badhe botên kagèt suraking tiyang kathah ingkang sami nyantên awon kawêntar sagêd nêmpuh kapiyarsa ing panjênêngan paduka, punika ingkang sagêd [sa...]

--- 32 ---

[...gêd] anipisakên pasuwitan, ical piyandêlipun tiyang sanagari, punika bilih panjênêngan paduka keguh dhatêng panyantun awon saha cêcampah wau punika.

Kang mangkono iku wus tak kauningani sarta panggalihku ora banjur kèlu marang piala kang bisa gawe papa cintrakamu, bakal dak galih kalawan wêning ati suci, nanging aku ora bakal nampik piwadul mau, awit iku banyu suci kang bisa ambilasi mêntase ênggonmu mêntas adus lêlangèn ing bangawan.

Kaluhuran dhawuh paduka, kawula sampun botên sagêd mancèni, saha kawula namung sandika anglampahi rabi ingkang awit saking karsa paduka.

Kacariyos sang prabu sampun andhawuhakên dhatêng Kyai Patih Janaloka, putranipun èstri Rêtna Pratiwi kapundhut badhe katarimakakên dhatêng Radèn Sapartitala sarta kadhawuhan samêkta bawahaning pikramèn.

Kyai patih enggal angèstokakên dhawuhipun sang prabu, botên antawis dangu sampun samêkta, sarta sampun angaturakên dintên sae badhe panggihing pangantèn.

Dintên ingkang sampun katamtokakên, Kyai Patih Janaloka angulêm-ulêmi para sanak sadhèrèkipun sarta ngatur-aturi [nga...]

--- 33 ---

[...tur-aturi] para agung nagari ing Bantala Rêngka tuwin jajahanipun, têmpuking damêl sakalangkung agêng bawahanipun, sampun kalampahan panggih, lêt sadintên sang prabu têdhak tuwi, mawi pasamuhan agêng malih, sang nata sakalangkung pirêna aningali pangantèn sakalihan.

Botên kacariyos rêroncèning damêl, pangantèn rukun anggènipun palakrama, sarta Radèn Sapartitala sampun tapak sowan anggarap padamêlan kados sabênipun.

Sang nata anyiyosakên karsanipun angèndêli kyai patih, nuju ing dintên Kêmis kadhawuhan sowan pêpak, sang prabu andhawuhakên timbalan yèn Kyai Patih Janaloka kalungsur kalênggahanipun mawi kaparingan pancèn têtêdha siti sêprapating lênggahipun lami, orêk tiyang sapanangkilan ing lèrèhipun kyai patih, dening botên manggih kalêpatan, malah mêntas miwaha putra katêdhakan sang prabu. Punika amratandhani gênging sihipun sang nata dhatêng kyai patih, para wadyabala sidhêm pramanêm, botên wontên banènipun walang ngalisik. Botên antawis dangu, sang prabu andhawuhakên timbalan malih, salowongipun patih ingkang kakarsakakên anggêntosi bupati nayaka anèm kalêrês mantu Radèn Sapartitala, angrêp manahipun tiyang

--- 34 ---

sapanangkilan, sarta angalêmbana jêjêging adilipun sang nata, patih wrêdha taruna lajêng sami majêng ngabêkti ing sang prabu, sang prabu lajêng jêngkar kondur angadhaton.

Unduripun kyai patih wrêdha sarêng kalihan ingkang putra mantu radèn apatih taruna dados pêpenginan ing rukunipun.

Gêntos kacariyos lolosipun Dèwi Siti Pasir lampahipun amurang marga nusup angayam alas, tanpa sêdya anut paraning suku, namung pados margi jalaraning pêjah, kandhêg wontên ing sêndhang agung satêngahing wana, wontên kajêngipun bêndha growong, kagubêt ing mandira kang thukul ing paragak, tambining bêndha, anggaligir pinulêd ing sulur mandira dados parigining sêndhang, rawe-rawe tumali ing sela tala kados katingal sinandhat, udaling toya mulêg angumbul ambèr ing clangap mili sumêntor dhawah ing julêkan anggrong nyuwara gumrunggung ngumandhang kêmirêng saking nginggil, toyaning sêndhang akimplah-kimplah wêning kathah minanipun wadêr pating sliri koyok agêgrombolan, tiganipun rintip tumèmplèk ing sulur mandira ingkang kaclop ing toya gumêbyar kenging soroting toya ingkang ambêdhah sêlaning gêgodhongan, pating krêtip kados bara kêlêm salêbêting toya, sang ayu karênan ningali, kèndêl [kèndê...]

--- 35 ---

[...l] wontên satêpining bèji, lênggah ing sela, pada kinumakên ing toya sarwi kinosokan, kalalaripun sinarap ing wadêr arêrêbatan, sawênèh angrikiti kanaka adamêl risi, mênyat saking bèji, anon lawang guwa kagubêt tambining sulur mandira, wontên korinipun jêplakan saking jawi, sang dèwi badhe sumêrêp lêbêtipun, kolonging lawang guwa dipun angkat manginggil gampil kemawon, katingal wontên undhak-undhakanipun sela cêndhani, sang ayu kêpengin nyatakakên tindak mangandhap anêkak-nêkuk ngêlangut ngatos wontên sèkêt undhak-undhakan dèrèng dumugi ing dhasar, dipun lajêngakên sawatawis lajêng ngambah palataran wiyar lajêng gapura munggul, korinipun mênga kemawon, sarta lajêng katingal botên wontên tiyangipun ingkang jagi, sang ayu têrus malêbêt, katingal kadhaton Nawa Rêtna, wontên ratunipun putri wrêdha, katitik remanipun sampun pêthak, lênggah sinewaka wontên samadyaning pandhapa, cahyanipun gumêbyar kados sasôngka sawêg andhadhari, pamulunipun manis, ingadhêp parêkan cèthi, sang prabu putri astanipun katingal angawe-awe, Dèwi Siti Pasir botên wang-wang lajêng marêk makidhupuh angusapi lêbu.

Sang prabu putri ngandika sarwi mèsêm, bagea kang lagi têka

--- 36 ---

putrine wong Lêbu Pasir Dèwi Siti Pasir.

Sang ayu eram salêbêting galih, dene sang prabu putri pirsa sadèrèngipun winarah, matur sarwa angrêrêpa, dhuh sang misudhèng sih, pangèstunipun sang adi pukulun, nuwun wilujêng.

Aku wus sumurup marang ajalasal. kamulanmu rara Siti Pasir ing pratapan Lêbu Pasir, sarta sêdyamu sajroning ati ngupaya sadulurmu lanang Radèn Sapartitala, arêp nusul marang praja pakewuh lakumu, têmahan anrang wèsthi lunga saparan-paran anut lakuning pada, apa ora mêngkono, rara.

Kula nuwun inggih, kasinggihan ingkang pangandika sarema botên wontên ingkang sulaya. Kula nuwun, paduka ratu putri binathari manggèn wontên ing kadhaton samun, punapa milanipun, saha kangjêng eyang ingkang asma sintên.

Satêmêne aku iki randhane Prabu Bumi Padha, akadhaton ing Bumi Dhasar (Guwa Seluman) kang kosumurupi iki, lumurug ing prang tumpês sawadyabalane, aku kari mung karo para wanodya, dene jênêngku Kismawati.

Kangjêng eyang, kula sapunika kadospundi, kula nyuwun pitêdahing rèh lampah kula, sagêdipun pinanggih kalihan sadhèrèk kula jalêr, kula botên sagêd gêsang bilih botên nunggil [nung...]

--- 37 ---

[...gil] kalihan sadhèrèk.

Dhenok aja mêngkono karêpmu, kowe pinasthi bakal dadi wêwadhahing têdhake para ratu ing Bantala Rêngka, kakanganmu kang dadi êmbanan, lêstari ing sapandhuwure, malah saiki kakangamu wis andhisiki dadi patih ana ing Bantala Rêngka, anggêntèni lêlakoning maratuwane, karêpku kowe saiki lèrèna ana ing kene bae, angêntèni karsaning Pangeran bakal tibane jatukramamu, bokmanawa ora suwe, iki wis mangsane.

Gêntos kacariyos, kocapa sang prabu kêpengin cangkrama wontên ing wana Tibrasara, kawartos ing ngriku kathah bêbujênganipun kidang manjangan§ kidang manjangan K. N. maar. kidang kalihan sangsam K. kancil sasaminipun, pêksi-pêksi inggih kathah, dhasar satêngahing wana katrajang ing lèpèn bênawi agêng kathah minanipun, karsanipun sang prabu botên namung ambêbujêng buron wana kemawon, inggih ugi karsa ambêbêdhag sarta misaya ulam lèpèn, sang nata lajêng adhêdhawuh dhatêng radèn apatih kinèn samêkta upakartining têdhak pêpara sarta sangu motha pêthan kadhaton, dintên Buda Cêmêngan sang prabu karsa bidhal, kaangkah ngantos samadya côndra laminipun.

--- 38 ---

Tiyang sapraja orêg dening sang nata dèrèng nate têdhakan pêpara badhe ngantos sêmantên laminipun.

Ing ari Buda Cêmêngan sang nata bidhal, kadhèrèkakên radên apatih, sarta nayakaning praja sêpalih, ingkang sêpalih kapatah têngga nagari, untabing wadyabala kados sela blêkithi, anglur botên wontên pêdhotipun, dumugi wana tarataban cêlak kalihan bênawi, motha pêthan kadhaton kababar, pasareanipun sang nata pinagêran ing maliyo seta, binara ing sêkar sêdhah salaka, samirana ngidid nampêg maliyo malêmbung pindha aluning sagantên, bara pindha roning pisang suwèk pating saluwir katêmpuh drêsing angin-angin, botên gigal saking papahipun, sang nata malêbêt ing kadhaton wangunan piyambak tanpa kanthi, lajêng sare ing kanthil gadhing ngagêm kajang sirah (gêmbuk) satunggal, angèngêt-èngêt karsanipun ing dintên benjing-enjing, wasana santun cipta karaos dene botên wontên lêlayanipun ginêman, saupami sang prabu sampuna kagungan pramèswari, amêsthi kathah pangandikanipun ing bab wau punika, langkung malih kabingahan ingkang badhe pinanggih anggènipun karsa bêdhag pikat sarta ambêbujêng buron wana, punapadene misaya ulam lèpèn, pikantukipun dados angsal-angsal, iba agênging galihipun [galihi...]

--- 39 ---

[...pun] ingkang rayi. Nalika sêmantên kagungan osik birai dhatêng wanita, karsanipun salêbêting galih, kondur saking pêpara badhe karsa krama, ananging paningalipun sang prabu, sêpi botên wontên wanodya ingkang panuju ing galih. Pintên-pintên para nata ingkang anglampahakên dom sumurup ing toya angangkah putranipun kagarwa ing sang prabu, mawi ambêktakakên gambaripun sang putri, ananging satunggal botên wontên ingkang katampèn, tingalipun sang prabu dhatêng ing gambar, mêsum dèrèng pantês dados timbanganing sariranipun, dhasaripun sang nata, tani, dangu ngraosakên sêbêle jatukramanipun, sanadyan saking pandamêlipun piyambak, inggih mêksa ngrêsula, wasana sare. Salêbêtipun sare supêna kapanggih wanodya endah ing warni, prasaja agêm-agêmanipun, katingal nawung sungkawa, kapanggih kalihan sang prabu botên katawis anggragap kados satatanipun wanodya lan priya kêpanggih ijèn, sang nata kasabêt ing antêngipun sang pindha Ratih, nandhang wiyoga dadakan, nanging ajrih lajêng amisesa, dening sang ayu katingal ambêg susila, botên kengis wênganing netya pirêna, sang prabu anilakrami, anggèr sang pindha kumala dene katingal kawêlasarsa wontên ing ngriki piyambak, sawêg dipun tata lajêngipun ingkang sagêd [sagê...]

--- 40 ---

[...d] mêmalad driya kasmaran, kasêlak sang prabu wungu. Guragapan madosi sang ayu, botên wontên, wasana sumêrêp ing yêktinipun bilih supêna, sampun wanci anggagat enjing sang prabu lajêng wungu mêdal ing jawi, para wadyabala taksih anggalasah sami tilêm, dalah radèn apatih sarta para nayaka taksih wontên pamondhokan, sang nata lajêng ing tindakipun dhatêng sêndhang patirtan sacêlaking kajêng wungu sakêmbaran, wiwaraning guwa kadhaton.

Kacariyos Sang Rêtna Siti Pasir ing sabên enjing wungu sare lajêng dhatêng ing sêndhang patirtan, angagêm sinjang sare bathik guringsing wayang sampun masêm, malah sampun kathah ingkang pêthak soganipun katingal gumrining amêwahi cahyanipun sang ayu, dhasar kuning pindha bêngle keris, rasukanipun sêmbagi pêthak mrutu sèwu wêdalan kusta, mawi kuthu baru, ing jôngga katingal pêthak maya-maya, dhasar jôngga lumung angulan-ulan, pranaja wêwêg kasingsêtan pamidihing kancing kuthu baru, katingal ambaludag ambrol saking sètubanda, tujunipun têpining sètu ngawêng cumondhong angêndhoni dados kêkawal ambèr ing toya, netranipun kocak kados hèr thathit, tangjêmtajêm. amitambuh botên salewengan, rema mêmak angêmbang bakung,§ ngêmbang bakung K. N. maar. kêmbang bakung N. sêkar bakung K. ingore

--- 41 ---

kalambaran singêt limar kêtangi, kasiliring maruta manda mawur pating salêbar ngrisakakên galihipun sang prabu, sinomipun barèh wontên ing palarapan, dening mêntas wungu saking pagulingan, sang nata karaos ing supênanipun, punapa sang ayu punika rencangipun sare kala wau dalu, dene ing warna jèblès kados jambe sinigar palih, namung kaot supêna kalihan sawantahipun, dangu-dangu sang prabu botên pitados ing supênanipun, ginalih sayêktosipun inggih sang ayu punika rencangipun sare, nanging lajêng pinaibên piyambak, kala punapa pinanggih kalayan wanita punika sadèrèngipun kasupêna. Sang ayu kanggêk lampahipun badhe sêsarêngan sinatriya, tingalipun inggih badhe dhatêng bèji patirtan, mila lajêng wangsul asêmu rikuh tindakipun baringkungan, lajêng lampahipun.

Sang prabu kasabêt ing baringkung ngênglêng dadakan, iba dipun kincanga ing imba ingkang rumambat ing oyot wilis, kados lumuh sami sanalika, bobotipun dipun pitambuhi sang nata bingung, wasana anêmpuh byat tumut ngêtutakên tindakipun sang putri botên angetang saru siku, sarta botên sumêrêp badhe kadadosaning sariranipun, namung sok ugi sumêrêp dunungipun sang putri.

--- 42 ---

Sang Prabu Kênya Kismawati, sapêngkêripun ingkang putra Dèwi Siti Pasir dhatêng ing sêndhang patirtan, lajêng adhêdhawuh dhatêng pawongan, kinèn amasangi palênggahan dhampar gadhing kêkalih, ingkang satunggal lugas palênggahanipun sang prabu putri, satunggalipun pinatik ing nawa rêtna dhawuh badhe palênggahanipun tamu, sang prabu kênya namung ngagêm busana sarwa pêthak, mungguh kalihan sariranipun sampun yuswa, dhasar rema sampun pêthak, katingal gumrining cahyanipun mancorong kaayap ing parêkan cèthi katanggung badhaya srimpi, upacara banyak dhalang sawunggaling harda walika sami êmas sadaya, Dèwi Siti Pasir sumêrêp ingkang eyang sampun lênggah lajêng kemawon sumiwi wontên ngarsanipun iring kiwa kapara kawuri, lênggah makidhupuh konjêm ing siti, ajrih dhatêng ingkang eyang dene dipun tutakên ing tiyang jalêr, nanging ingkang eyang ing netya katingal angêmu rêna.

Lêbêtipun prabu botên nyana mênawi kêsasar dhatêng kadhaton, anyipta badhe manggih bêbaya saking ratu ingkang jumênêng, dening anggènipun ngêtutakên pawèstri, kinintên yèn punika garwanipun sang prabu ing ngriku, nanging badhe wangsul lingsêm, katomah têmên priya ajrih ing pakèwêd, mila lajêng kemawon lampahipun, langak-langak botên mawi wangwang, ngatingalakên kasuranipun, [kasu...]

--- 43 ---

[...ranipun,] dhasar sang prabu prawira ing jurit, têguh timbul botên têdhas tapak paluning pandhe sisane gurinda, panggalihipun sang prabu môngsa sandea manggih pakèwêd. Botên, aluwung pêjah bêrgagah kalihan pêjah mringkus, sampun pinuntu badhe botên mundur sajangkah, suka lila mantuk aran.

Sang prabu putri sumêrêp rawuhipun sang nata jumênêng saking palênggahan, lumampah sawatawis tindak, angurmati rawuhipun sang prabu.

Sang prabu sumêrêp yèn ingkang jumênêng ratu putri wrêdha, enggal nyantuni patrap anoraga, mèsêm-mèsêm mamèt prana.

Sang prabu putri tanggap ing sasmita sarwi ngandika, sumôngga anggèr, mas putu wong abagus, ratunipun tiyang Bantala Rêngka, kula aturi lênggah ing dhampar gadhing.

Sang prabu eram ing galih dene sang nata dèwi sumêrêp sadèrèngipun winarah, saya ajrih sungkêmipun sang prabu, wangsulanipun, sampun eyang kula lênggah ing kursi kemawon.

Môngsa kadosa pangandikanipun sang prabu, kula punika jumênêng ratu ing ngriki, kabawah parentahing wayah kula, kula nyuwun pangapuntên dene dèrèng ngaturi uninga, ing têmbe môngsa sandea, botên, mila sampun mawi [ma...]

--- 44 ---

[...wi] èwêd-pakèwêd lênggah ing têngên kula, paduka ratu kula, wajib kula aosi ing salami-laminipun.

Sang prabu mituruti lajêng lênggah satata.

Dèwi Siti Pasir uninga ing sêmu rawuhipun sang prabu saking sambang liring angêmu wados, lajêng mundur palarasan, malêbêt ing dhatulaya.

Sang prabu matur dhatêng ingkang eyang raja putri wrêdha, pukulun, ingkang asoca bathara, sanadyan karêntêging manah kula sampun kauningan, nanging subasitaning basa, kula kêdah amêdharakên raosing manah kula ingkang sampun kauningan salêbêting batos, kula nyuwun pitakèn, yayi dèwi ingkang kula tutakên saking sêndhang wau, punapa wayahipun kangjêng eyang sarta punapa sampun winêngku ing priya.

Sang nata dèwi wrêdha nolih ing pêngkêran, ingkang wayah Sèwi Siti Pasir katingal sampun mundur malêbêt dhatêng pura. Lajêng amangsuli, anggèr wayah ratu kula, punapa wontên ingkang kalêbêt ing panggalih, mawi andangu lare wêdalan ing rêdi.

Walèh-walèh punapa kangjêng eyang, kula brônta dhatêng lare wau, mênawi saèstu taksih lamban, kula suwun kaparênga dados sori kula, môngka ing salaminipun ingkang sampun [sampu...]

--- 45 ---

[...n] kalampahan, manah kula têbih dhatêng wanodya, malah anggadhahi cipta botên badhe krama, dening anon wanodya tansah adamêl ewaning paningal, saking solah bawanipun kumini, botên mêrak ati. Beda têmên kalihan anggèn kula ningali wayahipun kangjêng eyang, manah kula kados sinêgrok rêntah dhawah ing siti.

Adhuh babo putuku wong bagus, punapa panjênêngan paduka badhe karsa palakrama angsal anakipun tiyang pidak padarakan, ingkang sayogi putra dhaup kalihan putri dewa-dèwi, rasêksa-rasêksi, makatên kalimrahanipun, dados nyudakakên turasing ratu.

Kang singgihankasinggihan. dhawuhipun kangjêng eyang, ananging mênggahing kula, krama angsal putraning ratu ingkang ngêbrèh, carawak, lêngus, botên trêpsila, kula pilampu krama pikantuk anaking punggawa ingkang sampurna ing warni, susila, mrak ati, cumondhong karsaning kakung, kangjêng eyang mawi ngandika tiyang pidak padarakan, dhatêng wayah piyambak, punapa darunanipun.

Makatên mas putu ratu kula, pun rara punika dede wayah kula piyambak, lare yatin, sampun tinilar ing yayah rena, Kyai Nyai Jaga Mandhala, umbul ing dhusun Maetala ingkang

--- 46 ---

asêsuta pinupu dhatêng Panêmbahan Rasatala ing wukir Lêbu Pasir, diwasanipun rara kesah anumpal kèli anut paraning suku ngulari kadangipun wrêdha nama Jaka Sapartitala, kasasar mriki sawêg pêndhak ari punika.

Adhuh, ya jagad dewa bathara, kalingane jêbul adhine si kakang patih dhewe, dene sampurna têmên rupane. Kangjêng eyang kapasang yogi, yayi dèwi punika adhinipun pêpatih kula pun kakang Sapartitala piyambak, dados sampun botên madal sumbi, kakangipun kula damêl pêpatih, adhinipun kula pundhut garwa.

Mas putu ratu kula, kula mangayu bagya karsa paduka, sapunika panjênêngan paduka kula aturi kèndêl lêrêp wontên ing kêdhaton mamring kaanggêpa pasanggrahan ingkang kuciwa awit katêdhakan, sampun mungguh dhasar paladènanipun lare pupon wêdalan ing rêdi.

Eyang, kula botên sagêd malês sih paduka, ingkang badhe dhumawah, sarta ingkang badhe kula tampèni kalayan panuwun agêng, kula anggêp pêparinging dewa, dhasar nyata eyang asarira bathari, sumêrêp sadèrèngipun winarah, namung panyuwun kula ingkang botên kenging katampik, kêdah botên kalampahan, [ka...]

--- 47 ---

[...lampahan,] kangjêng eyang kula pondhongi dhatêng ing kadhaton kula, mugi kaparênga angêmong dhatêng panjênêngan kula sakalihan garwa kula, awit kula sampun lola tinilar ing yayah rena, rama prabu saha ibu sori sampun sami murud dhatêng kadewatan, panjênêngan paduka dados lêlintunipun tiyang sêpuh kula, mugi sampun amanggih ajining kadhaton ing Guwa Siluman, kadhaton punika kenging kula wêstani, tarungku pelag, sae punapa tiyang tinarungku, mungguhipun namung kagêm pasanggrahan pamêsu katêdhakan ing samôngsa-mangsanipun kawêdhêngan, sagêd anglêjarakên galih, kula ingkang andhèrèk.

Dhuh mas putu ratu gusti kula, kula botên sagêd maoni karsa paduka, kula namung andhêdhèrèk sapangrèh paduka, namung kalampahaning bawahanipun wayah kula, kula suwun kalampahanipun wontên ing ngriki, sanadyan namung kula wilujêngi jajan pasar§ jajan pasar KN. jajan dhatêng pêkên K. sakadaripun warôndha, jêr sampun dados lêrêsipun, namung ingkang agêng paramartanipun wayah kula sang prabu.

Kandhêg cariyosipun sang prabu, ingkang kaaturan lêrêm wontên ing Guwa Siluman, angêntosi pamiwahaning pasamuwan dèrèng [dè...]

--- 48 ---

[...rèng] samapta.

Gêntos kacariyos ing pabarisan, wanci enjing wadyabala ambalabar sami akêkirab pradandosan samêkta saupakartining wisaya badhe ambêbujêng, namung kantun angêntosi wiyosipun sang prabu, nanging sang nata dèrèng katingal wungu, ingantosan ngantos wanci têngange. Radèn apatih enggal nusul dhatêng pasarean, sang nata pinanggih sêpên, adamêl kagèt sarta taratabing manahipun radèn apatih, sumêlang mênawi sang prabu ical kalap wontên samadyaning wana, saking pandamêlipun drubigsa, awit ing wana Tibrasara misuwur angkêripun, botên kenging janma mara janma mati§ janma mara janma mati K N. janma dhatêng janma pêjah. sato mara mara sirna,§ sato mara mara sirna K N. sato dhatêng dhatêng sirna. radèn apatih enggal mêdal ing jawi ambibarakên barisan ingkang samêkta ambêkta wisaya badhe ambêbêdhag, kasêbar malêbêt ing wana mangalèr mangidul, sarta mangetan bangilènmangilèn. ngupadosi sang prabu, ngantos sadintên muput, nanging mêksa botên angsal damêl, radèn apatih sarta para nayaka inggih sami angawaki piyambak ngupadosi sang prabu, ugi botên angsal damêl, sarèhning pangupadosipun sampun tita botên sagêd kêpanggih, [kêpang...]

--- 49 ---

[...gih,] karsanipun radèn patih, ingkang kamanah pêrlu ing bab pangrêksaning praja, sadèrèngipun kondur sang prabu sampun ngantos manggih rêtu saking balelaning para pangeran putra santananing ratu, ing nagari ing Bantala Rêngka. Radèn apatih saekapraya kalihan para nayakaning praja mantuk angêjèki kadhaton, sami rumêksa tugur rintên dalu, ngêntosi timbulipun sang nata, sarta nyêbar utusan ngisêp-isêp dhatêng liyan praja, sigêg ing patuguran.

Kocapa sang prabu ingkang lêrêm wontên ing kadhaton siluman, antawis samadya côndra upakartining pikramèn sampun mirantos, kacêkak sang prabu sampun kêlampahan dhaup kalihan sang juwita, rukun anggènipun palakrama, kados mimi lan mintuna botên nate bênggang sanyari tansah rèntèng-runtung, sarêng sampun andungkap sêlapan dintên, sang prabu karsa kondur sarta amboyongi dhatêng ingkang eyang, lajêng utusan abdi kaparak èstri ing kadhaton, mundhi nawala kaparingakên dhatêng radèn apatih, ijêmanipun matêdhani uninga yèn sang nata sapunika wontên ing kadhaton siluman sarta sampun palakrama, angsal putri pêparinging dewa, lajêng kagancarakên wiwit kêsasaripun sang prabu, kapanggih Nata Dèwi Kismawati

--- 50 ---

wontên ing kadhaton sèluman lajêng kapundhut mantu, urut botên wontên ingkang kalangkungan, sapunika sang nata mundhut pêthukan karsa kondur, kaancêr-ancêran bèji agung satêngahing wana Tibrasara. Kados punapa bingahipun radèn apatih, enggal adhawuh samêktanipun ingkang para abdi, kapradandosan sami sanalika sampun sadhiya, bidhal panganjuring baris mawi pêthukan jêmpana joli sarta titihanipun kuda sang prabu, gumarêdêg ambrubul kados lawa mêdal saking guwa, jurang pèrèng kêbak isi tiyang, ingkang katêrak lampahing baris têmah dados ara-ara, tiyang padhusunan gêbèl sami ningali ngêtutakên lampahing baris, saya wêwah agênging lampah, dumugi têpis wiringing wana-wana ing guwa kadhaton siluman, sang prabu sampun midhangêt pawartos dhatênging pêthukan saking nagari, sampun busana pangantèn sakalihan pramèswari, ingkang eyang sang raja putri wrêdha botên kantun, saèstu kaboyongan, miyos saking sêkèthènging kori jêplakan, ing ngriku dados papan pamapagan jibêg wontên sangandhaping mandira goraya ingkang angayomi sêndhang pasiraman, radèn apatih sumêrêp sang prabu jumênêng akanthèn asta kalihan ingkang rayi sang pramèswari,

--- 51 ---

lumajêng gurawalan, anungkêmi pada sarwi kêlara-lara§ kêlara-lara voor nangis KN. maar kêsakit-sakit manahipun K kêlara-lara atine N. karuna, ingkang rayi enggal nyuwun lilahing sang prabu, mugi kalilan badhe ngabêkti dhatêng kadang sêpuh, sang prabu pirêna ing galih kalilan panyuwunipun ingkang rayi, sang putri lajêng andhodhok lampah bokong ngabêkti ing jêngkunipun radèn apatih tanpa lilah, radèn apatih kagèt kinabêktèn ing garwa nata, sumingkir akipa-kipa sarwi wicantên, gusti kula badhe adamêl bilaènipun ingkang abdi (awit radèn apatih botên kaparingan sumêrêp, yèn garwanipun sang prabu Endhang Siti Pasir ingkang rayi radèn apatih piyambak sarta radèn apatih botên pisan purun ningali warninipun sang ayu, anglênggahi kasusilaning kawula, botên pisan-pisan wênang ningali warnining gusti, sarta sayêktosipun pancèn pangling babar pisan, dening ingkang rayi mangangge rajakaputrèn).

Sang prabu suka ing galih, ngandika kalayan gumujêng, Kakang patih, tamatna yayi dèwi, iku sapa, aja wêdi-wêdi kaya jago kanji mêngkono.

Sang putri tumut gumujêng sarwi wicantên, aku sapa kang, kowe [ko...]

--- 52 ---

[...we] tak golèki anjajah desa milang kori, jêbul kêtêmu ana kene wis wibawa mukti, dadi pêpatihing ratu binathara, amêngku putri putraning patih kang minaratuwa, layak lali marang sêdulure wadon, kang kawêlasasih manut tindaking pada.

Kados punapa raosing panggalihipun Radèn apatih inguman-uman dhatêng ingkang rayi dhapur kalinganeya ingkang sarira piyambak dados pramèswarining ratu, pasuwitanipun, kyai patih ambêngok sarosanipun, supe yèn wontên ngarsanipun sang prabu, sarwi wicantên: Adhiku wadon kang lair barêng sadina, sarta kang tak trêsnani cilik mula, arêp tak pondhongi mênyang kapatihan, milua angrasakake kamuktènku, jêbul kaya mêngkono, dadine malah kabali sura, dadi gustiku, kula sapunika basa krama dhatêng ingkang sarira kangjêng ratu ratu sadhèrèk kula, kangjêng ratu lêstantuna basa ngoko angakang dhatêng kula. Sang pramèswari sampun wangsul kanthèn asta kalihan sang prabu. Para abdi ingkang wontên ngarsanipun sang nata pating palinguk botên wontên ingkang sumêrêp têgêsipun, sang prabu ngandika: Kakang sira ngabêktia marang eyang raja putri kang mupu arinira, kang jumênêng amriksani marang kowe, kyai patih enggal sujud ing sampeyanipun raja putri, [putri...]

--- 53 ---

[...,] ingasta lungayanipun sarwi ngandika: Patih Sapartitala, aku titip marang sariraku, besuk aku yèn tumêka ing jangji, pêndhêmên kang jêro, anggêpên ninèkmu dhewe. O, gusti ratu putri pêpundhèn kula, ingkang anjalari kamulyanipun sadhèrèk kula èstri, ingkang winêca kuwawi dados wêwadhah, ingkang nêdhakakên karaton ing Bantala Rêngka, panjênêngan paduka mugi awèta kula tingali ing salami-laminipun. Kèndêling pangandika, sang nata andhawuhakên bidhaling baris, gumuruh swaraning tiyang arêbat papan, sarêng mangkat dados ombaking samodra pasang, anrajang wana pajatèn§ wana pajatèn KN. kayu jati N. kajêng jatos K. baludag dhatêng jurang têrjung kêbak kados ilining ladhu (walahar), sampun kêbut saking kadhaton siluman, dumugi têpis wiringing nagari saya abusêkan.

Cinêndhak tindakipun sang prabu sampun rawuh ing kadhaton, sang prabu putri kasaosan dalêm ing panêpèn dalah ingkang para abdi, sang nata karsa andumugèkakên bujana agêng, mawi sêsuruhan para ratu liyaning praja.

tamat

--- 0 ---

Kôndha Bumi

Pratelaning nama-nama

Rasatala, ing Lêbu Pasir, pandhita ...

Kismawati, Prabu Putri Dèwi ...

Siti Pasir, Endhang ... (anak Jaga Mandhala)

Sapartitala, Puthut ...

Lêbu Pasir, patapan ...

Pratiwi, Dèwi ... (anak Patih Janaloka)

Janaloka, patihe Sultan Mangkubumi

Jaga Mandhala Kyai, fr. Jaga Mandhala Nyai} umbul ... ing Maetala

Maetala, dhukuh ...

Mangkubumi, Sultan ... ing Bantala Rêngka

Bantala Rêngka, nagara

Bumipadha, garwanipun Prabu Putri Dèwi Kismawati, kadhaton siluman.

--- 0 ---

BOEKHANDEL TAN KHOEN SWIE

KEDIRI en SOLO

- L -

Lambangprodjo (Djojobojo) ... f 1,---

- M -

Madoe Wasito ... f 1,25 / Manik Hardjo Nirmolo ... f 0,80 / Mardi Tomo ... f 1,25 / Madoe Boso deel I f 2,- deel II f 1,25 ... f 3,25 / Madoeroso (hingkang sinandi) ... f 1,75 /

- N -

Nitik Kraton P.B. IX X ... f 0,50 / Niti Soerti ... f 1,--- / Ngelmoe Panoedjoeman ... f 0,50 / Noekilan (Kaweroeh sasadji) ... f 0,50 / Nitiprono (R. Ng. Josodipoero) ... f 0,40 /

- O -

Oesoeloedin Kaweroeh ... f 2,50

- P -

Pramono Sidi soeloek ... f 0,80 / Panggardjito samak kandel ... f 3,--- / Prabangkoro ... f 1,50 / Pandam Prono ... f 1,50 / Poenopo hingkang bade kita goelang ... f 0,80 / Paniti Bojo ... f 0,80 / Panitisastro ... f 0,80 / Pastikomojo ... f 0,60 / Prasido Djati ... f 1,25 / Poerwo Kanti ... f 1,75 / Pastiko Warno ... f 1,50 / Pati tjentini ... f 3,50 / Poestoko rantjang (Patakmodin) ... f 1,25 / Pamboekaning Tjipto ... f ... / Primbon adoe djago ... f 0,50 /

- R -

Rangsang Toeban ... f 1,25 / Rekasane Batin ... f 1,--- /

- S -

Satoenggaling Hoetoesan ... f 0,40 / Sendon langen Soeoro ... f 0,50 / Skandho Karmo ... f 1,50 / Seh Siti Djenar ... f 0,60 / Soponolojo ... f 0,75 / Soebosito ... f 1,--- / Soearaningasepi ... f 1,50 / Sastrohardjendro Hajoeningrat ... f 0,80 / Sasmitorahardjo ... f 0,60 / Siti Rokanah ... f 1,75 /

--- 0 ---

BOEKHANDEL TAN KHOEN SWIE

KEDIRI en SOLO

- S -

Soro Sudio ... f 1,50 / Senorodro Bagawan ... f ... /

- T -

Tjondrorini ... f 0,30 / Tjondrosengkolo ... f 0,30 / Tjipto Goegah ... f 0,40 /

- W -

Warnosastro (Ki Padmosoesastro) ... f 0,75 / Wedorogo ... f 0,30 / Wedojatmoko ... f 0,30 / Wedo Satijo ... f 0,75 / Wedo kirono (Darmo Sonjo) ... f 1,25 / Wedo Poerwoko ... f 0,1,25 / Wedohagomo ... f 0,60 / Wedotomo ... f 0,50 / Wedohasmoro ... f 0,50 / Wedonararjo ... f 0,60 / Wiso djiwo ... f 0,30 / Woro Karmo ... f 1,--- / Warni Pitoe djedjer bade dumadosing Manoeso ... f 2,25 / Warnosastro ... f 0,75 / KITAB BASA MELAJOE HOEROEF OLANDA: / A. B. C. Djawa Melajoe ... f 1,--- / Kitab Djati Moerii ...Kitab Djati Moerti. f 1,50 /

Hauw King ... f 0,80 / Ling Dijat Panas Dingin ... f 0,60 / Nona Marie deel 1 sampe 4 ... f 3,20 / Sjair ilmoe sedjati ... f 0,80 / Sjair soesa dan seneng ... f 0,80 / Sjair pertjintaan ... f 0,40 / Toedjoeh tjerita ... f 0,60 / Semadhi ke I diboeboehi gambar ... f 1,50 / Semadhi ke II ... f 2,--- / Tay Hak ... f 0,50 / Tiong Jong ... f 0,60 / Tjiptaan tiap-tiap pagi ... f 0,60 / Bagawad Gita ... f 1,50 / Wetboek van strafrecht baroe ... f 4,--- / Beroelang-oelang dilahirken ... f 1,--- / Soeara Soeksma ... f 1,--- / Dewa roetji dengan artinja ... f 1,--- /

--- 0 ---

[Grafik: cap Teosopi]