Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Pêthikan Saking Kabar Angin, Padmasusastra, c. 1901-05, #39 (Hlm. 001-105)

Katalog:Pêthikan Saking Kabar Angin, Padmasusastra, c. 1901-05, #39
Sambung:
1.Pêthikan Saking Kabar Angin, Padmasusastra, c. 1901-05, #39 (Hlm. 001-105). Kisah, Cerita dan Kronikal | Novel #897.
2.Pêthikan Saking Kabar Angin, Padmasusastra, c. 1901-05, #39 (Hlm. 106-212). Kisah, Cerita dan Kronikal | Novel #898.
3.Pêthikan Saking Kabar Angin, Padmasusastra, c. 1901-05, #39 (Hlm. 213-318) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Novel #899.

Pêthikan saking Kabar Angin

--- 1 ---

Wontên gêgêmpalan cariyos tanah Ngatasangin, nagari Marutamanda ingkang jumênêng nata binathara Prabu Sindhung Aliwawar, misuwur karatonipun, sang prabu anêngênakên para brahmana kinèn nganggit-anggit sêrat Wedha anggancarakên pêpakêming praja saha aluraning para nata lêluhuripun, dhasar sang prabu piyambak limpad ing saniskara, kathah kêkaranganipun sang nata ingkang kenging sinudarsana dhatêng para ratu sarta para adipati, punapadene para ulu-uluning praja sanèsipun, awit saking kontaping asmanipun sang prabu, kathah para nata ingkang sami nungkul botên kalayan kagêbag ing prang.

Sang prabu garwanipun kawan dasa padminipun kêkalih sarta kathah ingkang sami amêdali, dene ingkang garwa kêkalih inggih sampun sami apêputra rambah-rambah sarta miyos [mi...]

--- 2 ---

[...yos] kakung utawi putri. Putranipun sang prabu gunggungipun sampun tigang dasa, ananging satunggal botên wontên ingkang sugêng, seda sawêg miyos, utawi sawêg yuswa sapêkên, sawênèh yuswa salapan, tuwin sapihan, lami-laminipun yuswa kalih taun, pintên-pintên isarat ingkang murih wilujêng nanging cabar botên wontên ingkang dados, ing wangkemangke. para garwa kandhêg botên wontên ingkang anggarbini. Sang nata sangêt sungkawa ing galih, angèngêt-èngêt badhe curêsing têdhakipun, ngantos supe dhatêng kawibawan sarta botên karsa angrêmbag prakawising nagari, mêmpên wontên ing panêpèn, saha botên wontên wêwênganing galih kajawi kêncêng namung badhe anganyut tuwuh.

Sang prabu ing wanci lingsir dalu anis saking pura, korining panêpèn kakancing saking jawi, botên kanyanan bilih sang prabu botên wontên ing panêpèn, tindak [tinda...]

--- 3 ---

[...k] kori bêbutulan lêpas lampahipun, wanci gagat enjing dumugi ing padhusunan, soroting srêngenge sumirat abrit badhe amadhangi jagad, kados maripatipun tiyang sakit, êbun ingkang nêlêsi gêgodhongan ngalêmpak badhe tètès pating parêntul kados intên rinonce adamêl lalamelamlame. galihipun sang prabu, jêgigrèg kalurikingkaluruking. ayam wana mlangkring wontên panging kusambi kados namudana ing tindakipun sang nata, kathah lêlangêning margi mênawi kacariyosna sadaya. Sang namur lampah dumugi sukuning rêdi wanci sêrap, ing ngriku wontên pasareanipun tiyang Buda, sang nata lajêng minggah dhatêng pasarean karsa nênêpi.

Sasêraping srêngenge kados badhe angêlêm jagad, adamêl anglêsing galihipun sang nata, dhasar nuju wulan kôntha, lintang-lintang kêlêm dening kaling-alingan mêndhung angêndhanu amratandhani badhe tumuntên jawah, [ja...]

--- 4 ---

[...wah,] sang nata saya putêk ing galih saking botên kauban wangon, acipta badhe kalêbus dening kajawahan. Sumiliring maruta mônda ambêkta gandaning sêkar kumuning ing pasarean, amêmungu rujiting galihipun sang nata, mêndhung kapanduk ing angin piyak asar-saran kados amêngani soroting lintang, gumêbyar amadhangi salêbêting astana, sasirnaning mêndhung kabuncang ing angin, sakeca galihipun sang nata, lajêng nata panggenan ingkang badhe kadamêl sare wontên sangandhaping astana, godhong palasa garing dipun kalêmpakakên, kangge lèmèk sarira, ulon-ulonipun pogogan kajêng samboja sang nata lajêng mapan sare wontên ing ngriku, nanging tansah kalisikan dening mirêng swaraning kutu-kutu walang ataga, dumêling tumangkêp ing talingan, sarêng wanci lingsir dalu sang nata lajêng nungku muja samadi angêningakên cipta, nutupi babahan nawa sanga, pêjah salêbêting gêsang.

--- 5 ---

Botên antawis dangu pasarean karaos ebah, tumuntên ing ulon-ulon katingal ambalêdhag lajêng wontên tiyang agêng inggil brêngos capang, pasariranipun mêlês, paningalipun andik, mungu dhumatêng sang nata, pangandikanipun erak-erak.

Kaki prabu, tangia, jare prihatin, jêbul lembon.

Sakala sang prabu wungu saking samadi kagèt aningali: matur sarwi ngrêrêpa, dhuh sintên paduka ingkang anêdhaki tiyang kawêlasasih, punapa pukulun dewa ing Suralaya.

Kulup kalingane sira durung sumurup marang jênêng mara, ingsun iki eyangira buyut dhewe Prabu Bajrapati, sira durung ana ingsun wus tinêkakake ing janji murut marang kadewatan.

Dhuh kangjêng eyang tiyang sêpuh kula, kula nyuwun mugi kacangkinga dhatêng kadewatan, kula sampun botên [botê...]

--- 6 ---

[...n] rêmên wontên ing marcapada, kathah rêribêd ingkang angeram-eramakên.

O putuku wong bagus, sira ora kêna andadak môngsa, sira wis pinêsthi ing dewa kang linuwih bakal nêdhakake para ratu ing Ngatasangin, dadi sira ora bakal curês têdhakira lêstari turun-tumurun angratoni nagara Marutamanda saka têdhakira, ora kasêlanan ing wong liya, nanging wijinira mung kari siji sarta kang kêlar dadi wêwadhahe uga mung siji iya iku Dèwi Angin-angin, sutane Bagawan Anila ing patapan Sadhaka, yèn kalakon sira dhaup, sira bakal asêsuta jalu abagus rupane limpad panggraitane, nanging sajumênêngira akèh sambekalane, luput-luput sira anêmahi pati, mulane diprayitna aja kongsi kalenan ing samubarang obah osiking praja, sanadyan sadulurira dhewe sira kawekanana, mangkono manèh solahbawaning [solahbawa...]

--- 7 ---

[...ning] wong sajroning kadhaton, kudu sira kawruhana, sanadyan pramèswarinira dhewe ora kêna sira pikir lômba. Kandhêg samantên pangandikanipun Sang Prabu Bajrapati musna sapangajêngan, bêngkahing siti pasarean pulih kados wingi uni. Sang prabu sangêt lêgêg ing galih, dangu botên angandika, angèngêt-èngêt ingkang mêntas kasat mata, punapa supêna punapa wungu, wusana priksa ing yêktosipun yèn pinanggihan ingkang eyang buyut piyambak ingkang sampun murut ing jaman kailangan, kêncênging galih lajêng badhe ngèstokakên wêlingipun ingkang eyang nglajêngakên tindakipun dhatêng patapan Sadhaka, tansah wirandhungan ing galih, mudhun saking sukuning rêdi saribit anut têtirahing acala, kathah lêlangêning margi yèn kacariyosna. Enggaling carita tindakipun sang prabu sampun dumugi sukuning rêdi Sadhaka.

Gêntos cariyos ing patapan Sadhaka, sintên [sintê...]

--- 8 ---

[...n] jêjulukipun ingkang adhêdhepok, inggih punika Bagawan Anila sidik ing paningal, sumêrêp sadèrèngipun winarah dhasar winongwong ing dewa, kagungan putra putri satunggal, sawêg nêdhêng-nêdhêngipun birai, apêparap Dèwi Angin-angin, punjul ing warni, karêmênipun sang dèwi angendhang-endhang, wanci enjing umun-umun tumurun saking arga ngundhuh sêkar gambir ing patêgilan, ambaladêr kados mirah sumêbar ing têgal, pikantuking sêkar dipun wadhahi poncoting kasêmêkan, sabên-sabên lajêng karonce kangge sangsangan gêgubahan surèngpati, lajêng anggagas pantês-pantêsipun kaagêma ing satriya. (punapa sang putri sampun wani angas: mênawi). Sawêg katungkul angundhuhi sêkar kagèt wontên satriya rawuh, bagus taksih taruna, sang putri gugup lajêng minggah dhatêng ardi inguwuh botên sumaur, sêkaripun kècèr kocar-kacir tansah tinolèh sarwi ambênakakên [ambênakakê...]

--- 9 ---

[...n] kumlèwèring kasêmêkan, sang nata ngantos kamitênggêngên mriksa citranipun sang ayu, gêbyaring pranaja kèsisan dening wudharing poncotipun kasêmêkan, kanyana andaru rêntah wontên ing patêgilan, sampuna andaru gadhah suku sarta sêlak oncat pancèn kenging katubruk ing sang nata.

Sang nata saya awirandhungan nututi tindakipun sang rêtna minggah ing rêdi.

Sang ayu kapêthuk ingkang rama sang pandhita wontên lêlêngkèhing rêdi, dipun pêpoyani bilih wontên satriya kurang ajar angêtutakên sariranipun, mandêng kumêdhèp têsmak kados aningali dhatêng bedhangipun, badhe dipun balang sela botên siyos (kados dipun balang tingal, dene cumbu lajêng anututi).

Sang pandhita gumujêng anglajêngakên tindakipun, kapêthuk sang nata lajêng ingacaran lajêng, sang nata taklim sêsarêngan [sê...]

--- 10 ---

[...sarêngan] tindakipun, dumugi ing padhepokan jumujug ing sanggar palanggatan: satata lênggah.

Sang pandhita angrêrêpa matur angasih-asih. Kaaturan sênggang prêmbage rawuhipun gusti kula ingkang sinuhun wontên ing padhepokan kula.

Sang prabu kagèt dene sang pandhita sampun sumêrêp dhumatêng sariranipun, anyipta bilih sang pandhita tasdik ing paningal, wangsulanipun: sangêt ing panarimah kula sih panakramanipun sang pandhita dhumatêng kula.

Sang pandhita. Kula rumaos bêgja kamayangan karawuhan sêsotyaning bumi kados sarira paduka, bokmênawi ilapat badhe ambêkta kabêgjan agêng dhumatêng kula.

Sang prabu. Kados têbih ingkang makatên, ratu sangsara koncatan sihing dewa, dêstun ambêkta rêribêd utawi wêwêlak ingkang sagêd adamêl têruhing

--- 11 ---

asrama ngriki, punika wontên èmpêripun.

Sang pandhita. O: nyawa gusti kula, botên wontên titahing dewa ingkang kados ratu, panjênêngan paduka sawêg kenging cobaning dewa, dipun narimah ing galih, manungsa namung sadarmi anglampahi.

Sang prabu. Panêmbahan, anggèn kula dhatêng ing ngarsa sampeyan, dhapur angèstokakên wangsiting dewa ingkang lumantar saking eyang Prabu Bajrapati, kula kinèn angêbun-êbun enjing, anjêjawah sontên dhumatêng sampeyan, punika ingkang dados jalaraning mêntasipun kacintrakan kula.

Sang pandhita. Sang prabu dipun sarônta ing galih môngsa wontêna lêpatipun: botên, awit têtiyang ingkang kagêbêng dados wêwêngkonipun sang prabu, punika kadarbe dhumatêng sang prabu ugi, namung pun rara sangêt giras (kados glathik ajaran) kula rih-rihipun rumiyin, paduka kula aturi ngaso wontên [wontê...]

--- 12 ---

[...n] ing bale kambang kemawon. Sang pandhita lajêng amanggihi ingkang putra, têmbungipun: nok, kowe apa wis olah-olah digawe suguh dhayoh sing kurang ajar mau.

Aku suthingsuthik. rama, olah-olah, bonggan sira nyuguh wong kaya mêngkana.

Aja ngono: ta, kae rak kaprênah sadulurmu dhewe.

Sadulur saka ngêndi.

Sadulur pancêr lanang, mêngko takonana dhewe sajarahe.

Kowe apa lali: ngono.

Wis rada lali, kok.

Anua kae atiku minggrang-minggring bae, sumêlang nèk ora barès.

Barès bangêt (nrima ngadu kêcik).

Sang prabu kaaturan rawuh ing dalêm pêngkêran jumujug ing

--- 13 ---

wingkingipun sang pandhita: sang pandhita ngandika dhatêng ingkang putra sarwi kesah, takonana dhewe kono sajarahe.

Dospundi sajarahe la: mas.

He:

He: pripun, criyose samang niku sadhèrèk kula pancêr jalêr.

Hê êh.

Hê êh: pripun.

(didol nguwong awakku, iki mau rêmbuge kêpriye, pangunandikanipun sang prabu) sang nata angsal pamanggih dadakan, lajêng angandika: satêmêne aku iki sadulurmu lanang: pancêr lanang.

Têgêse pripun, sadulur lanang pancêr lanang: niku.

Aku kok ya rada bingung dhewe, ngêndikane kyai ngono mau. Cêkake mêngkene bae, aku iki mau didhawuhingdidhawuhi. kyai dikakake mulang maca

--- 14 ---

karo kowe.

Dadi kula êmpun bisa maca niku diwulang malih.

E klaru,kliru. ngaji: dudu maca.

Dhisik lèh kula bisa ngaji: kalih maca.

Karênan galihipun sang nata tumingal musthikaning patapan ingkang sawang kumala (sasat polê) dhasar sang nata widagda ing pangrêngih sêmu cucut, adamêl rantasing galihipun sang rêtna kados kapanduk ing sara sangkali, têmah ngadhoko ing kisma larut bayuning angga kados dèn lolosi, swanita kumyus amarawayan, sang juwita kasambut ingêmban dening sang nata rinabasèng ing basa srênggara kinidungan ing sêkar langênjiwa: kalintu kinanthi.

rimbaning lèk wanci surup / miyak wandakara kandhih / kumênyar kang taranggana / rêbut sorot maratani / pidik ngênani wadana- / nira risang magêng wingit //

gumêbyar agawe kêpyur / dhèr-dheran galihiraji / sinawang oncat alingan [alinga...]

--- 15 ---

[...n] / buwênge kang asta kering / griwa katon maya-maya / saya gègèr tyas narpati //

sorote kang pandam kurung / nyunari jroning jinêmrik / katon pranaja gumêbyar / rêmu-rêmu sêmu kuning / kalingan wastra ngangrangan / sang dyah sumungkêm gêguling //

sang kakung kakênan ing kung / mangrêpa mangarih-arih / babo yayi eman-eman / biratên tikbranta gusti / dasihe tadhah dêduka / sumanggêm ngrabasèng sari //

sang rêtna atangkis gêlung / sêkar mawur maratani / lir sinêbar anèng jaja / kongas gandanya mênuhi / kèbêkan sajroning tilam / wimbuh gambira sang aji //

sabdaning kakung mrih lulut / ing kênya sêdhêng birai / kadi sinênggrang ing sima / muriring tyas èsmu ajrih / sang dyah maksih wani angas / êmar pinurwa ing rêsmi //

anua nika bok ampun / grimingan gawe pangkirig / ati kula tab-êtaban / sumuke kêpati-pati / mang mrika dirada bênggang / ampun ngêsuk-êsuk mriki // cuthêl.

--- 16 ---

Ing wanci enjing mèh silêming lintang-lintang ing langit, samirana midit ambêkta gandaning sêkar ing patamanan, sang prabu akalihan sang rêtna wungu sare lajêng akanthèn asta midêr-midêr ing patamanan, sang prabu mêthik sêkar taluki lajêng cinundhukakên dhatêng ingkang rayi sarwi angandika: yayi bêcik nuli kondur marang praja, kêtêmu bok ayunira sakarone, sira dadi pamungkasing soriningsun, aturipun sang putri: nuwun inggih sandika. Sang pandhita sawêg tumêdhak saking ing pahoman, sumêrêp ingkang putra arêruntungan sangêt êntyarsaning galih sarwi ngandika:

Dhenok, rewangmu caturan kuwi sapa.

Sang rêtna tumungkul, lajêng sarêng andhèrèkakên tindakipun ingkang rama. Sang prabu wontên ing Tanggulangin, sampun samadya côndra ulah raras karasikan, kasok sihipun dhatêng sang rêtna, karsanipun sang prabu saèstu badhe kondur dhatêng ing nagari, lajêng matur

--- 17 ---

dhatêng ingkang rama: nyuwun pamit, sang pandhita anglilani, sang nata lajêng utusan puthut jêjanggan manguyu cantrik, ngampil nawala dhatêng kyai patih. Para utusan enggal lumampah, dumugi ing nagari lajêng sowan ing ngarsanipun kyai patih sarta matêdhakakên sêrat saking sang nata. Sêrat lajêng binuka, ijêmanipun:

Sawise salam ingsun kakang Adipati Tanggulangin.

Kapindhone ingsun paring wêruh yèn ingsun linggar saka kadhaton wus luwih samadya côndra, ing mêngko ingsun ana ing wukir Sadhaka sarta palakrama olèh sutane sang pandhita Anila, ingsun mundhut pêthukan jêmpana titihane yayi dèwi sarta titihan ingsun dhewe jaran Si Meganônda apadene wadyabala saprayoganira, titi lajêng tapak astanipun Sang Prabu: Sindhung Aliwawar.

--- 18 ---

Satamating sêrat kyai patih anjêngêr dene ngantos katilapan ing tindakipun sang nata, rahayunipun amanggih sugêng, karsanipun kyai patih amêthuk piyambak anindhihi para wadyabala, sami sanalika ing praja orêg kados wontên damêl agêng, gancanging carita lajêng bidhal atembak-tembun jêjêl apipit, sêlur dumugi sukuning rêdi Tanggulangin, sang pandhita mêthuk rawuhipun kyai patih, tundhuk wontên ing margi lajêng arêrangkulan, sarta lajêng kèrid sowan ing ngarsanipun sang nata, kyai patih lumajêng agurawalan anyungkêmi padanipun sang nata sarwi lara-lara karuna, sang nata anênggak waspa pangandikanipun: wis kakang, aja korasakake lêlakon kang wus kapungkur, balik saungkur ingsun, yayi dèwi sakarone sarta garwa-garwaningsun paminggir apadene sadulur-sadulur ingsun, apa padha rahayu.

--- 19 ---

Kawula nuwun saking pangèstu paduka sami raharja botên wontên sangsayanipun.

Sarêng sampun lêrêm sadalu: sang nata bidhal kondur, ingkang rayi sang rêtna anitih jêmpana kaayap ing parêkan cèthi pêthukan saking nagari. Kyai patih sarta wadyabala ingkang sapalih anggarêbêg sang putri, ingkang sapalih anggarêbêg sang prabu, sang pandhita andhèrèkakên dumugi sukuning ardi: lajêng wangsul, lêpas lampahipun sang nata rawuh ing nagari saya abusêkan, dados têtingalanipun têtiyang sanagari, pikramanipun sang nata kados mêntas andon pêrang unggul ing yuda amboyong putri dhomas, sang nata kondur angadhaton, kapanggih kalihan ingkang para garwa kados sami supêna kemawon, sang nata widagda ulah asmaragama, para garwa sami kawaratan ing sihipun sang prabu, mila botên wontên ingkang rêngat ing manah anggènipun sang nata palakrama

--- 20 ---

enggal, awit sami rumaos botên wontên bedanipun kalihan saban-saban. Sang prabu lulus mukti wibawa botên towong anguningani prakawising nagari ingkang kenging andadosakên rahayuning praja, antawis sataun têntrêming nagari, tumuntên ingkang rayi Dèwi Angin-angin katingal angidham-idham kaworan, sang nata saya kasok sihipun, punika andadosakên kirang sayoginipun dhatêng ingkang para maru, sadaya sami ewa aningali, wêwah-wêwah para maru wau satunggal botên wontên ingkang ngandhêg, punika saya andadosakên ing kêmeronipun,kêmèrènipun. sayêktosipun: wijinipun sang nata namung kantun satunggal punika sarta namung Dèwi Angin-angin piyambak ingkang kuwawi dados wêwadhahipun, inggih kados wêcanipun Sang Prabu Bajrapati ing nginggil wau.

Sang nata inggih sampun nguningani yèn sang ayu Dèwi

--- 21 ---

Angin-angin dipun sêngiti dhatêng ingkang para maru, sumêlangipun sang nata bokmanawi ing salah satunggilipun para maru wontên ingkang nandukakên karti sampeka ingkang sagêd andadosakên bilainipun sang rêtna, prayitnanipun sang prabu lajêng karsa pindhah wontên ing yasa kambang muhung kalihan ingkang rayi. Kaprayitnanipun sang prabu botên pisan adamêl suruding manahipun ingkang para maru malah anuwuhakên bêntèr anguntar-untar. Sanadyan sang prabu sagêd anêtêpi wajib dhatêng ingkang para garwa sarta tanpa suda ing sih pangêla-êlanipun, ewadene sabên sang nata wontên ing yasa kambang para garwa sami rêrubukan amirêmbag badhe pamiawonipun dhatêng Sang Rêtna Angin-angin, pramèswari kêkalih ingkang andombani prakawis wau lajêng mêling wisa dhatêng juru panênungan, pikantuk wisa mandos ingkang botên kenging tinawa, kathah aosipun, tumuntên dipun wor ing rujak, kaparingakên [kaparingakê...]

--- 22 ---

[...n] dhatêng ingkang rayi Dèwi Angin-angin saking ingkang bok ayu pramèswari kêkalih, rujak katampèn, aturipun: nuwun, rujak lajêng dipun dèkèk ing kênap sacêlaking pasarean, dipun tutupi ing srêbèt pêthak, sang ayu badhe asêsuci rumiyin, karsanipun mangke badhe dipun dhahar kalihan ingkang raka sang prabu kados sabênipun, sang prabu kondur saking pahêmanipun para brahmana anjujug ing kamaripun ingkang rayi nanging pinanggih suwêng, parêkan kadangu munjuk yèn ingkang rayi sawêg têdhak ing pasiraman, sang nata anguningani saosan rujak dipun sasabi srêbèt pêthak dipun nyana saosanipun, sang nata botên mawi taha rujak lajêng kadhahar, dèrèng ngantos kolu saking rumasuking wisa sang nata lajêng sumaput anggêblag wontên pasarean, panjriting parêkan adamêl kagètipun tiyang sakadhaton, pramèswari kêkalih ingkang rawuh rumiyin sumêrêp ingkang raka seda sarta sumêrêp [sumêrê...]

--- 23 ---

[...p] ingkang dados jalaranipun mêntas dhahar rujak ingkang mawi wisa, pakintunipun dhatêng ingkang rayi Dèwi Anghin-angin, ciptanipun namung badhe bela sarêng seda kalihan ingkang raka sang prabu, sisaning rujak lajêng kadhahar dhatêng pramèswari kêkalih, sami sanalika seda ing ênggèn, saya gumuruh swaraning tangis, Rêtna Angin-angin kasêsa anggènipun dandos, dumugining pasarean ing ngarsanipun ingkang raka sampun pinanggih seda katiga kalihan garwanipun kêkalih, loking kathah Dèwi Angin-angin ingkang amisani dhatêng maru kêkalih sami dipun aturi rawuh ing yasa kambang kasêgah rujak, sang nata tumut dhahar, punika dadosipun seda katiga pisan, Dèwi Angin-angin cipta badhe tumut bela suduk sarira nanging kanggêg dening sawêg anggarbini, gêdêring pawartos wau adamêl êmaring galihipun sang putri botên sande sariranipun winayungyun tinarka ngracun dhatêng ingkang bok ayu, kalayan rikating pamanggih [pamang...]

--- 24 ---

[...gih] lajêng oncat saking kadhaton mêdal ing kori bêbutulan botên kantênan purugipun.

Otêring kadhaton ingkang rayi sang nata: Pangeran Praconda enggal amalêbêt sarêng kalihan kyai patih anjujug ing yasa kambang, sumêrêp ingkang raka sarta ingkang bok ayu kêkalih sami seda, sang pangeran sarta kyai patih sangêt anglênggêr, botên sagêd ngandika namung tansah winadulan dening para garwa pangrêmbe yèn sedanipun sang prabu sarta pramèswari kêkalih saking pandamêlipun Dèwi Angin-angin, katôndha ing mangke Dèwi Angin-angin los saking kadhaton.

Ingkang sakalangkung ribêd ing galih namung kyai patih, enggal adhêdhawah bab samêktaning layon, sarêng sampun sadhiya layon kaangkatakên mawi pakurmatan agêng, dumugi ing astana rêdi Pratipa kasarèkakên jèjèr tiga sang nata wontên ing têngah nunggil [nung...]

--- 25 ---

[...gil] ingkang rama sarta para lêluhuripun.

Antawis pitung dintên kyai patih sarêmbag kalihan para nayaka, sarèhning sang prabu botên kagungan putra, garwa ingkang sawêg bobot lolos saking kadhaton, amargi nglampahi kadurjanan, ngracun dhatêng maru pramèswari kêkalih sarta ingkang raka sang prabu katut kêracun. Panggalihipun kyai patih ingkang sayogi anggêntosi karaton, namung ingkang rayi sang nata: Sang Pangeran Praconda, para nayaka amrayogèkakên karsanipun kyai patih wau, awit sang pangeran lêmbat bêbudènipun, sagêd nyakecakakên manahipun têtiyang alit, dhasar wicaksana putus dhatêng kridhaning ulah praja sarta prang katètèr kala kautus ingkang raka sang prabu ambêdhah nagari, kadadosakên senapatining prang: botên nguciwani, kakêndêlanipun ing palagan kanthi wiweka. Kyai patih lajêng adhêdhawuh badhe jumênêngipun sang pangeran [pangera...]

--- 26 ---

[...n] mawi pakurmatan agêng, sarta mawi sêsuruhan andhatêngakên para ratu ing amôncapraja.

Jumênêng sang pangeran kabyawarakakên ajêjuluk Sang Prabu Praconda, lêstantun botên wontên sangsayanipun, suyud ingkang wadyabala, nagari tata raharja, gêmah aripah loh jinawi, mirah sandhang mirah pangan, tulus ingkang sarwa tinandur.

Sang prabu dèrèng nate kagungan putra, sarta dèrèng lami mêntas kasedan garwa, wontên marêmipun ing galih sakêdhik, amupu endhang saking rêdi sakalangkung endah ing warni, inggih punika ingkang rayi Dèwi Angin-angin: anama Dèwi Maruti, sasedanipun ingkang rama sang pandhita rêmbagipun para puthut, jêjanggan, manguyu cantrik, Dèwi Maruti kêdah dipun susulakên dhatêng ingkang bok ayu Dèwi Angin-angin dhatêng nagari, kalampahan Dèwi Maruti dipun atêrakên dhatêng nagari, wontên ing margi kêpêthuk sang pangeran nuju

--- 27 ---

ambêbêdhag, ingkang ngatêrakên salah panampi, sang pangeran kinintên begal ngadhang margi, lajêng sami lumajêng asalang-tunjang rêbat rumiyin, Dèwi Maruti katilar, punika jalaranipun Dèwi Maruti kagarwa dhatêng sang pangeran, nanging sang pangeran botên mawi ngunjuki uninga dhatêng ingkang raka, awit katambêtan bilih punika ingkang sadhèrèk Dèwi Angin-angin. Amargi saking susilanipun Dèwi Maruti bêkti ing kakung lêgawa lila ing donya kontap kautamanipun, dhasar punjul ing warni wah sampun anggarbini, sang nata kasok sihipun, Dèwi Maruti sajumênêngipun nata sang pangeran, kaangkat dados pramèswari.

Gêntos kacariyos, salolosipun Dèwi Angin-angin, murang marga nusup angayam alas, kandhêg wontên ing èrèng-èrèng lêlêngkèhing rêdi ambambing, ing ngriku wontên kajêngipun bêndha dhoyong pinulêt ing mandira, suluripun nutupi padhas curi ingkang rêmbês [rê...]

--- 28 ---

[...mbês] angêtuk saking sukuning rêdi, suluring mandira pating krêncang sami tumali ing sela, pucukipun sami marêntul tètès toyanipun dhawah ing sela tala ngantos anglumut, kalêmpaking toya kumriwik mili mangandhap anjog ing sumbêran toyanipun katingal wêning, kathah minanipun alit-alit pating sliri, sang rêtna kacaryan ningali kèndêl lênggah ing pêpongoling padhas, sukunipun kêkobok toya sarwi kapijêt-pijêt wêntis karaos sayah, dangu sang rêtna kèndêl wontên ing ngriku, anggagas lêlampahaning sariranipun, pangunandikanipun salêbêting galih: aku iki kalêbu wong bodho têka ora banjur milu bela ing sedane sinuhun, milaur oncat golèk urip nyingkiri paekaning satru, pati iku prakara apa, kuwalik têmên pikirku malah anggolèki sangsaraning dunya nampik kamulyaning swarga, sapele mung saka wêwêtênganaku durung lair, upama

--- 29 ---

saiki aku nganyut pati (nguntal ambêkan) utawa ngêndhat (niba ing jurang) saya bodho manèh, kuwandaku kaèsi-èsi bakal pinangan ing sato, upama aku mulih marang pratapan, isin marang panêmbahan dene ora susêtya ing laki dhêmên urip dadi endhang arahan, môngka aku wis tau ngrasakake dadi pramèswarining nata sarta kinasihan, lah saiki apa kang bakal dak lakoni, kabèh-kèbèh luput, kang luwih prayoga sarta kêna ingaran bênêr bêcik aku andêdagan ana pasareane guru lakiku nglalu pati ana ing kono (pêjah saking botên nêdha) kuwandaku kadêngangang juru kunci bakal dikubur awor karo sang prabu. Salêbêtipun ngunandika tansah ngrêntahakên waspa acarocosan, sang rêtna kêncêng ing karsa lajêng tindak dhatêng pasarean rêdi Pradipa, nalika samantên sedanipun sang prabu sawêg pikantuk tigang dintên, sang rêtna linggar saking têlihing jêjurang [jêju...]

--- 30 ---

[...rang] tindak nusup-nusup ing bêbondhotan pados margi pawanan ingkang kambah ing manungsa sarta anggagas timbuling sarira.

Maskumambang

dhuh pangeran dununge pêpujan mami / prak ati paduka / ngilangkên langêning bumi / mêsat angênani manah //

lir kataman saradibya ingkang lungit / tatu tan katara / rantas têtalining ati / ngantak-antak minta toya //

tètèsana martaning sabdanta gusti / kaya sabên mana / baya nora aningali / dasihe kawêlasarsa //

nèng madyaning wulupanwulusan. karèndhèt ing ri / rêncêm lir rinanjam / mung mangajab-ajab ati / dhuh gustiku antènana //

dasihira punagi tan nêdya kari / sumusul paduka / nadyan kalêbèng yumani / kawula tan nêdya pisah //

sokur bage antuk pangapurèng Widhi / nèng Endrabuwana / sakaroron lir ing nguni / ulah raras karasikan //

rêrêpanên ing sêkar kênya kadhiri / kang ngênganyut driya / dasihira

--- 31 ---

nuli guling / sarwi bantalana asta //

Kapanjangên mênawi kalajêngna, cinêndhak lampahipun sang rêtna sampun dumugi ing rêdi Pratipa wanci gagat bangun lajêng angrungkêbi pasareanipun ingkang raka sarta nangis alantik-lantik, sambatipun: nyawa ingkang pêrak ati, ingkang sumèh, ingkang ngêla-êla, ingkang ambingahakên manahing cèthi kados kula punika, punapaa kula paduka tilar kawêlasasih, kula botên sagêd kantun, paduka wungu: kula wontên ing ngriki, paduka rêrêpa kados sabên-sabênipun punika, siti pasareanipun sang nata ngantos kêbês dening luhipun sang putri, sang rêtna botên surut karsanipun namung cipta bela palastra.

Wanci sidhêm kayon angin kèndêl botên lumampah sarta botên wontên swaraning kutu-kutu walang ataga namung pangêcêking jangkrik upa dumêling kados amêtik karna, salêbêtipun sang putri angêkêp siti pasareanipun [pa...]

--- 32 ---

[...sareanipun] ingkang raka: karaos ebah, sang putri botên pisan rumaos ajrih, malah bingah wontêna kala rupa ingkang dados jalaran anginggalakên pati, saya dangu saya karaos sêru ebahipun, tumuntên wontên swara lamat-lamat kamirêng saking jawi: sambêtipun: aku uculana, tumuntên kèndêl, botên wontên swara kêmirêng malih, sang putri botên talompe siti pasarean urugan enggal lajêng dipun dhokèri kalayan têmbagi padupan, gampil kemawon inggih ing siti urugan, amargi siti wêdhi kawoworan bubukan arêng, sarêng sampun anggêpok tabêla têtela kêmirêng yèn salêbêting tabêla wontên swara gêrêng-gêrêng, sang putri botên pisan anggadhahi ajrih malah daya-daya nuntên sagêda rampung badhe sumêrêp warninipun ingkang raka, tutuping tabêla lajêng kabujat sarana linggis ingkang kalêrêsan kantun kapêndhêm wontên ing ngriku

--- 33 ---

(tujunipun wontên linggis kantun ing ngriku, anua kadospundi), mênganing tutup tabêla têtela yèn ingkang sinuhun taksih sugêng paningalipun mêncorong, sang putri panggah ing galih namung murih tumuntênipun rampung padamêlan punika, botên mawi wicantên sakêcap, ingkang raka karangkul lajêng kabopong kabêkta mêntas, sarta enggal lajêng dipun lukari agêm-agêmaning mayit, sang nata kawungokakên sarta tansah dipun arasi tanpa wicantên sakêcap, sariranipun sang putri katingal cêmêng kados tiyang puwa-puwa dening kenging arêng salêbêting kaluwat, sang nata pandung salêbêting galih yèn punika ingkang rayi ingkang dados têlênging galih, mila namung kèndêl tanpa ngandika sakêcap dhasar sariranipun taksih sangêt lêsu, sarampungipun anglukari raka sarta sasampunipun kalênggahakên, têtela yèn sang nata sugêng, sang putri lajêng jêrit sakayangipun ngantos angacêcêng, punika sumêrêpipun sang

--- 34 ---

prabu yèn punika ingkang rayi Dèwi Angin-angin, lajêng dipun rungkêbi sarta gêntos dipun tangisi, dangu sang putri anggènipun kantu, sarêng èngêt sampun wontên ing pangrangkulanipun ingkang raka, sang putri gêntos angrangkul dhumatêng ingkang raka sarwi lara-lara anangis, sang nata tumut bela karuna, sarêng sampun sarèh sang prabu angandika.

Kalingane kowe yayi kang ngêntas aku saka ing pati, kowe tak kandhani: satêmêne nalika aku kapidhara mêntas mangan rujak, aku isih eling wèntèh-wèntèhan yèn aku tinarka wis seda, nanging aku arêp calathu yèn ora seda: ora bisa, saka ampuhing wisa kang ana ing rujak isih dak kêmbêng ana ing tutukku, tak utahake ora kêna, kalakon aku disirami sarta banjur ingupakara kaya patraping mayit, iku aku isih eling kabèh, saiba ta kakune atiku isih

--- 35 ---

sugêng tinarka seda, nganti tumêkane dilêbokake ing tabêla kaangkatake marang pasarean kene banjur dilêbokake ing kaluwat, aku isih sumurup bae, nanging ora bisa suwala awit awakku kaku ngacêcêng kaya kayu, iku aku rumasa yèn sida tumêka ing pati dipêndhêm urip-uripan, aku banjur pasrah marang Pangeran, sawise atiku sèlèh: rujak kang mawa wisa kêna dak utahake: nanging wis kasèp, awit wis ora ana wong kang dak sambati, sarèhning aku wis ana sajroning tabêla lan ana sajroning kaluwat, awakku saya lêsu dening ora kalêbon rijêki, wusana aku krasa didhudhuk ing wong sarta banjur dilukari saka panganggoning mayit, jêbul kowe nyawaku kang asih marang gêgêbale.

Gusti: kula botên nyana andhawuk sêsotyaning bumi ingkang sagêd ngandika kados sarira paduka,

--- 36 ---

salêbêtipun ingkang rayi matur tansah dipun usapi pasuryanipun ingkang kenging ing angusing arêng jati cipta kula namung panggangguning brakasakan ingkang wontên salêbêting kaluwat, pangangkah kula manawi sampun dumugi ing tabêla, kula korugana pêjah awor kalihan panjênêngan paduka, botên nyana paduka malah pinanggih sugêng. Ing mangke gusti ingkang dadosandados. karsa paduka kadospundi.

Aku mung nurut sakarêpmu bae: yayi.

Kula nuwun, pamirêng kula kabar pêpêkênan, rayi paduka Sang Pangeran Pracondha jumênêng nata anggêntosi panjênêngan paduka, awit saking pamilihipun kakang patih sarêmbag kalihan para nayaka.

Sang prabu sarêng midhangêt aturipun ingkang rayi lajêng mupus ing galih botên karsa têtukaran arêbat kamuktèn kalihan ingkang rayi Sang Pangeran Pracondha, lajêng angandika.

--- 37 ---

Yayi: kowe tak jak lara, ayo mulih marang pratapan Sadhaka bae, anglêbur tapak tilase sang pandhita, napakake wêwêtênganamu bisaa amijèni para ratu ing Atasangin, kaya kang kawêcakake dening eyang Prabu Bajrapati, pangandikane ora liya saka darahku lan darahmu, asile apa rêbut kamuktèn karo sadulur dhewe.

Gusti: kula namung andhèrèk sakarsa paduka.

Sang nata lajêng linggar saking pasarean rêdi Pratipa kalihan ingkang rayi Dèwi Angin-angin, rêruntungan sami anamur lampah.

Mêgatruh

mudhun saking Pratipa sarwi mêgatruh / titi sunya gagat enjing / nuju tanggal ping nêmlikur / ngrinakkên padhanging sasi / sumilak taranggana byor //

rêbut sorot sêsirat dadya sêsuluh / alon tindak sang kaswasih / kang rayi sarwi tinuntun / manjat èrèng-èrèng wukir / wanci bangun praptèng ngisor //

--- 38 ---

hyang raditya mungup sing udayèng ranu / miyak lêlamuking ardi / kabèh katon rêmu-rêmu / malah sampun saput siti / tètèsing bun ting talêthok //

tumarontong hyang bagaskara kadulu / mawèh enggaring lumaris / srigunting munya jêthithut / nèng pucuking wit kusambi / kadi nambrama sang katong //

sumêngèring arina giwar lumayu / sira kadi tuduh margi / ing ngriku kèh ri kêmarung / kacêr nèng panging pring ori / thit thut thèt muni tan anggop //

isthanira mawantu atur pudyayu / kathah lêlangêning margi / sang prabu tindakira wus / lêpas ngambah margi alit / galêngan gung menggak-menggok //

têpèng wana ingôngsa tilas binrujul / kinothak kinôntha sabin / wênèh wus linèr ing garu / siniku pinèt pasagi / mèt lêmpar ywa lêgak-lêgok //

ing lêlowah linarik-larik linajur / tinanêman kênthang jawi / gêgumuk pagagan agung / mangsane wus malêncuti / ginawaran ting garendhol [garendho...]

--- 39 ---

[...l] //

yèn dinudud sing gubug pating kêranthuk / môngka wêwêdining pêksi / kapiandhêm sami mabur / binubuh dipun bandhili / ampingan êpanging kêpoh //

yèn katungkul narutul nêba angêbyuk / gugup gagaping têtali / tinula-tula dinudut / bubar malih kanang pêksi / wèh ascaryaning lungandon //

Cinêndhak tindakipun sang prabu sampun dumugi ing patapan Sadhaka, nanging pinanggih suwêng, ingkang rama sang pandhita sampun seda, ingkang rayi Dèwi Maruti nusul dhatêng ing nagari kabegal dening bajag ngadhang margi. Sang nata saya mupus ing galih, lajêng anggêntosi kapandhitanipun ingkang rama marasêpuh, tansah anungku puja samadi, sang putri angendhang-endhang. Pratapan ing Sadhaka wontên tungganganing rêdi kêkalih, papanipun waradin, ing pêpèrènging rêdi anjurang wontên guwanipun patapan, padhasipun curi tumawing angêsong kathah rêrêmbêsanipun toya saking lambunging rêdi

--- 40 ---

pating srèwèh mili ngalêmpak anjog ing lêlêngkèh tinambêng ing sela tala lubèr mili dhatêng ing patapan, angubêngi capuri sarta wontên ingkang kasudhèt malêbêt ing yasa kambang, angoncori sêkar-sêkar ing udyana, wêdalipun toya gumrojog anjog ing jêjurang mawur kados dhawahing warsa, antawis pitung wulan anggènipun sang prabu wontên ing asrama, pambobotipun Dèwi Angin-angin sampun dumugi ing wanci, dados wontên ing nagari sawêg bobot kalih wulan, karaos nyakiti badhe kagungan putra, ingkang raka sangêt marmamirma. dhumatêng ingkang rayi, tumuntên ambabar miyos kakung bagus ing warni, pamulunipun manis, paningalipun gumilar kados kaca, kaparingan nama Radèn Timur, kasok sihing rama ibu, Radèn Timur kalawun-lawun, diwasanipun wontên ing pratapan.

Kacariyos Radèn Timur kados lare kajiman, botên rêmên têtunggilan dolan kalihan lare kathah, [ka...]

--- 41 ---

[...thah,] rêmênipun puruhita dhatêng para pandhita mitranipun ingkang rama, anggêguru ngèlmu kadigdayan kanuragan, tumplak kawruhipun para pandhita sadaya, dene ingkang rama piyambak kathah piwulangipun bab kawruh karaton, cinêndhak yuswanipun Radèn Timur sampun wolulas taun lumampah, osiking galih botên rêmên wontên ing pratapan, rêmên wontên ing praja suwita ing ratu: lajêng sowan ingkang rama, têmbungipun:

Kangjêng rama: kula punika rumaos bosên wontên ing rêdi, kapingin suwita ing ratu wontên nagari, kula nyuwun lilah badhe ngawula.

Sang prabu sumêdhot ing galih miyarsakakên aturipun ingkang putra, têmahan rêntah waspanipun, kèngêtan yèn ta panjênênganipun jumênêng nata, ingkang putra dados pangeran adipati, môngka punika badhe ngawula. Dangu sang prabu botên angandika [angandi...]

--- 42 ---

[...ka] angèngêt-èngêt punapa lêkasing karsanipun ingkang sayogi linampahan, wusana pinanggihing pambudi badhe kintun sêrat dhumatêng ingkang rayi, nanging botên lampah ngêblak, lampah sandi, sang prabu sampun midhangêt pawartos yèn ingkang rayi Prabu Praconda sampun apêputra miyos putri saking ingkang rayi ipe Dèwi Maruti, anggènipun kagungan putra bêbarakan kalihan panjênênganipun, namung lêt kalih wulan, pangandikanipun dhatêng ingkang putra, sarèhna dhisik kulup karêpmu iku, aku arêp awèh layang marang kang bakal kosuwitani. Ingkang putra lajêng mundur.

Sang prabu nyiyosakên karsanipun, paring sêrat dhatêng ingkang rayi, nanging asmanipun kasamar lajêng mundhut ron tal kasêrat ing kanaka, sarêng sampun rampung lajêng nimbali cantrik ingutus dhatêng nagari mundhi nawala, ki cantrik winêling nampèkakên nawala wau dhatêng wadana ingkang saos ing srimanganti, bilih sampun katampèn [kata...]

--- 43 ---

[...mpèn] lajêng nulaka wangsul, sampun mawi ngêntosi wangsulan.

Ki cantrik nampèni nawala lajêng kemawon lampahipun dumugi ing nagari anjujug pasowan sri manganti nampèkakên nawala dhatêng wadana ingkang saos sarta lajêng nulak wangsul botên mawi pamitan, inggih kados wêlingipun sang prabu.

Wadana ingkang saos ing srimanganti ngantos kamitênggêngên kadhatêngan cantrik ingkang murang tata, dumrojog tanpa larapan nampèkakên sêrat tanpa wicantên, dipun pitakèni kèndêl kemawon, kesah dipun uwuh botên sumaur, sarêng sêrat dipun tingali ngalamatipun konjuk ing sang prabu, enggal wadana ingkang saos canthèl unjuk nyuwun lilah sowan ing ngarsanipun sang prabu.

Sang prabu nuju lênggah ing panêpèn kalihan ingkang garwa Dèwi Maruti kaadhêp para biyada parêkan cèthi, dangu [da...]

--- 44 ---

[...ngu] sang prabu imbal pangandika kalihan ingkang rayi, wontên ingkang karaos ing galih bab anggènipun botên sagêd pêputra malih kalihan ingkang rayi, kajawi namung satunggal thil miyos putri, dalah saking ampeyan satunggal botên wonwontên. ingkang mêdali, osiking galih sampun mupus, namung kapengin momong mantu sagêda pêputra kakung ginadhang anggêntosi kaprabon, nanging sang nata ing galih sakalangkung ngungun, bab lêbête jodhonipun ingkang putra Dèwi Sumilir, ngantos kawêdal pangandikanipun dhatêng ingkang rayi.

Yayi, aku ora anduga jêrone jodhone anakira Si Sumilir bocah wis umur 18 taun lumaku têka durung ana sing ngrasani, patut-patute wis dadi parêbutane para ratu akèh, ciptaku kang mêngkono mau ora nglêngkara mirit saka sampurnane rupane anakira, yèn ta alaa, utawa duwea [du...]

--- 45 ---

[...wea] cacat: seje catur, patut bae durung ana kang ngrasani.

Gusti: sawêg pandugi kula para ratu anggènipun botên ngraosi dhatêng putra paduka, punika kawuwungkapuwung. saking ajrih, amargi saking kêbawah kêprentah dhumatêng panjênêngan paduka.

Bênêr yayi dèwi: para ratu kang padha kêbawah kêprentah padha duwea wangwang, nanging dalah kang nglakokake êdom sumurup ing banyu iya ora ana, mangkono manèh para ratu liyane iya ora ana kang ngrasani, apa kalakon wong duwe anak wadon disorohake: wis ora bae.

Gusti: karsa paduka ingkang kasêsa, lare sawêg ngumur 18 taun, sampun kagalih jodhonipun, ing têmbe môngsa kiranga: botên.

Ora kêsusu mêngkono: yayi, mung gumun sêbêle.

--- 46 ---

Dèrèng dumugi imbal wacana kasaru unjukipun nyai lurah anampèni aturipun wadana ingkang saos srimanganti nyuwun lilah badhe sowan ing sang prabu, wontên damêlipun ingkang gati.

Sang prabu kagèt ing galih, kinintên mênawi wontên damêl, wadana ingkang saos srimanganti ingandikan kalilan malêbêt ing panêpèn, lajêng kadangu.

Apa ana gawenira sira anjaluk kêtêmu ing panjênêngan ingsun.

Kawula nuwun, gusti jrih kawula kaabdèkakên, kawula ngunjukakên sêrat saking pandhita ing rêdi, ingkang kabêkta ing cantrik, lajêng kaaturakên lêlampahanipun, sang prabu gita anggènipun nampèni sêrat sarta lajêng kawaos, têmbungipun,

Pèngêt, iki nawalaningsun, sang prabu ... kang andarbèni tah-talatah nuswa Ngatasangin kabèh kang akadhaton ing Marutamanda ing mêngko lagi nglakoni [ngla...]

--- 47 ---

[...koni] karsaning dewa mawiku ana ing pacrabaan Sadhaka, dhawuha marang sira yayi Prabu Pracondha kang misuwur asmane prawira ing paprangan sarta ambêk martotama kalok ing liyan praja, kang anggadhuh karaton ingsun sarta angrênggani pura ing Marutamanda, muga dinirgakna ingkang yuswa sarta kuwarasan salawas-lawase.

Liring nawalaningsun, ingsun midhangêt pawarta saka bocah ingsun cèkèl jêjanggan, manguyu cantrik kang padha dêdagangan sayuran marang nagara, yèn sira kagungan putra putri wus nêdhêng birai, kêkasih Dèwi Sumilir pinunjul ing rupa susila bêkti ing wong tuwa, iku mênawa andadèkake lêgane atinira, lan sakarone yayi Dèwi Maruti, putrinira Rara Sumilir ingsun pundhut, bakal ingsun dhaupake lan pulunirapulunanira. dhewe putraningsun Radèn Timur, sarta sawuse kalakon dhaup karaton kang sira lakoni ingsun [ing...]

--- 48 ---

[...sun] pundhut bali banjur ingsun paringake marang kaki putra, sira lan ingsun padha narima angêmong putra bae, ingsun ngarêp-arêp wangsulanira.

Tinulis ing pacrabaan Sadhaka ...

Sadulurira wrêdha bagawan ...

Satamating pamaos sang prabu duka yayah sinipi wadananipun abrit kados rah, netranipun kumukus kados bêl mêdal dahana, awit rumaos dipun cêcampahi sarta dipun diksurani dening pandhita awon ing rêdi, ngaturi sêrat tanpa parikrama têmbung ngoko rumakêt ngakên sadulur ing panjênênganipun sang prabu, nyuwun putranipun badhe kapêndhêt mantu, sarta mawi têmbung rodaparipaksa sang nata kaaturan sèlèh kaprabon, galihipun sang prabu brangasan, yèn ta wontêna tiyangipun amêsthi dipun jur sami sanalika, amargi sang prabu botên katuwuhan galigalih.

--- 49 ---

pisan-pisan yèn ingkang raka Sang Prabu Sindhung Aliwawar dados gêsang saking ing pati, sèwu nglêngkara yèn sêrat wau sakinga ingkang raka, namung dipun nyana sêrat saking pandhita edan kemawon, kyai patih ingandikan malêbêt, enggal-enggal.

Sowanipun Kyai Patih Tanggulangin, sang nata taksih katingal duka, kyai patih anggagas salêbêting galih, apa baya kang dadi karsane sang prabu, têka katon ringas têmên pasuryane, ora bisa anduga: aku.

Sang nata botên mawi ngandika tansah gêrêng-gêrêng, sêrat lajêng dipun uncalakên dhatêng kyai patih, sêrat katampèn lajêng kawaos, dèrèng ngantos dumugi sêrat lajêng kasuwèk-suwèk, kyai patih katingal sumuk ing bêndu sarta lajêng munjuk:

Gusti mênawi wontên lilah paduka: kawula nyuwun lilah ngrumiyini lampah saha wadyabala ingkang sapalih,

--- 50 ---

badhe ngrisak patapan ing Sadhaka, ingkang ngantos dados karang abang, pandhitanipun badhe kawula cêngkalak, konjuk ing ngarsa paduka dadosa pangewan-ewaning têtiyang sanagari (dubilah athik ana wong kaya mêngkono, kulite apa sacêngkang têka wani mêjanani wong sanagara).

Pangandikanipun sang prabu, iya kakang dhisika, nuli cêkêlên, aku sêlak kapengin sumurup rupane pandhita mênyunyang iku.

Kawula nuwun sandika: mugi angsala pangèstu paduka tawar mêngsah pandhita, (jajal-jajal nyêngkalak wiku).

Kocapa kyai patih saha wadyabala sapalih kêbut bidhal dhatêng ing wukir Sadhaka, andalêdêg kados toya milamili. saking êrong, warni-warni dêdamêl sarta busananing prang ingkang rêkta pindha giri pawaka, ingkang krêsna pindha dhandhang rêraton, ingkang pita pindha podhang rêbut wowohan, ingkang seta pindha kuntul nêba,

--- 51 ---

ingkang ijêm riyu-riyu pindha biruning langit, tangèh winuwusa dêdamêl sarta busananing prang, kyai patih nindhihi baris, ginêlak lampahipun sampun dumugi sukuning rêdi Sadhaka wanci sêrap kandhêg kasaput ing dalu lajêng akêkrapa wontên ing patêgilan, pakuwonipun kyai patih sarta para bupati ngalêmpak wontên tarub wangunan, katutup ing motha wungu mawi bilik-bilik panggenan panglêrêban sare, ing têngah lowah panggenan parêpatan angrêmbag prakawis ingkang badhe linampahan, sasampunipun para wadya ngaso kyai patih lênggah ing panirat nimbali para bupati kakarsakakên apirêmbagan, karsanipun kyai patih utamining lampah kêdah mawi utusan aparing sumêrêp dhatêng ingkang mawiku, sampun lajêng kagropyok purun, kados angoyak wraha, punika tindak nistha dene êtrapipun prawira nindakakên pratingkah rodaparipêksa, para bupati nayogyani, [na...]

--- 52 ---

[...yogyani,] lajêng nglampahakên utusan mantri.

Gêntos kacariyos, Sang Prabu Sindhung Aliwawar ingkang mawiku sampun midhangêt pawartos yèn Kyai Patih Tanggulangin tinuduh ingkang rayi Sang Prabu Pracondha ngrisak patapan ing Sadhaka, sang prabu pirêna ing galih kalêrêsan anggènipun masang kala desa, karsanipun badhe amanggihi dhatêng kyai patih, dèrèng dumugi pangunadikaning galih kasaru dhatênging utusan, putranipun kyai patih anama Ngabèi Samirana, kairit dening cantrik: Sowan ngarsanipun sang prabu, utusan wau pandung dhumatêng warnanipun sang prabu, têmbungipun santak botên mawi rêringa anglênggahi tindaking dutotama. Hèh sang pandhita: wruhanamu aku dutane sang mantri wisesa Radèn Adipati Tanggulangin, aranku kang misuwur Ngabèi Samirana, rawuhe radèn apatih ing patapanmu kene: kautus ing gusti Sang Prabu Pracondha, nimbali marang kowe, yèn [yè...]

--- 53 ---

[...n] nutut ingandikakake ngirit kalawan aris, yèn mogok ingandikakake ambônda, yèn bôngga ingandikakake ngrampungi pisan.

Sang prabu ayêm ing galih mèsêm sarwi mangsuli sasêmbranan, mêngko ta: sing tak pilih êndi, kabèh-kabèh pait aku êmoh, tutura marang Si Adipati Tanggulangin, sakarêpe dadi.

Ciptanipun Ngabèi Samirana yèn ta angsala parentah saking ingkang rama, sami sanalika punika sang prabu badhe kacêpêng awit saking winangsulan sasêmbranan, sumuking nêpsu katingal andik kumukus netyanipun kados amêdala dahana. Sang prabu saya pirêna ing galih anguningani kawantêraning putranipun kyai patih, pangunadikaning galih: lali têmênan Si Samirana besuk kêrtaning jaman bocah kang mangkono kuwanène patut dinadèkake bupati tamping.

Samirana: kêpriye kang dadi wangsulanamu kang kêna dak aturake [a...]

--- 54 ---

[...turake] marang kyai patih.

Sang prabu: aku ora mangsuli manèh kajaba mung sumarah sakarêpe Si Adipati Tanggulangin.

Ngabèi Samirana nulak wangsul tanpa pamitan sarwi wicantên: antènana sesuk yèn ing kene wis dadi karangabang kowe lagi rumasa kêduwung sarta mari sêmbrana.

Sang prabu saya suka ing galih dipun puruni dening Ngabèi Samirana.

Ngabèi Samirana lajêng lampahipun dumugi ing pakuwon ngarsanipun kyai patih, matur sarèhing dinuta, miwitlimiwiti. malah amêkasi. Kyai patih lêgêg ing galih miyarsakakên aturipun Ngabèi Samirana, dene sang pandhita botên anggadhahi gigrig ing manah kadhatêngan mêngsah ingkang tanpa wicalan, pangunadikaning galih: baya pandhita iku duwe aji pangabaran kang bisa gawe pangapêsaning mungsuh,

--- 55 ---

yèn ora mêngkonoa: mokal, awit ora ana wong kang tanpa maras, môngka ing pratapan katon mamring ora ana wong sikêp gêgaman. Ngantos dalu kyai patih lênggah wontên madyaning tarub wêwangunan, para bupati sapanêkaripun sampun sami kadhawuhan bibaran amasanggrahan piyambak-piyambak, kyai patih taksih lênggah ijèn, dalah ingkang para abdi sampun sami kadhawuhan ngaso.

Sang pandhita ing dalu punika karsa amanggihi kyai patih tindak ijèn dhatêng pasanggrahaning mêngsah mangagêm sarwa pêthak angasta lantaran êcis, tanpa larapan anjujug ngajêngipun kyai patih taksih jumênêng sarwi ngandika: kakang: padha bêcik bae satêkanira ana ing patapan Sadhaka. Kyai patih sakalangkung kagèt ing galih mangkorog gêgithokipun, dipun nyana yèn setan brakasakan ing patapan sumêdya ngrêridhu, kyai patih botên mangsuli namung maspadakakên [maspa...]

--- 56 ---

[...dakakên] sarta matak môntra wikrama, nanging dipun kêdhèpakên botên sagêd ical, punika kyai patih sawêg andugi yèn dede setan brakasakan, sayêktosipun janma manungsa, dangu anggènipun ningali, salêbêting galih botên kasamaran yèn ingkang jumênêng wau Sang Prabu Sindhung Aliwawar, punika saha adamêl kodhênging galihipun kyai patih, awit yèn yitmanipun sang prabu ingkang nêdhaki, dipun kêdhèpakên amêsthi ical, sarèhning ing paningal sampun têtela yèn sang prabu, kyai patih lajêng amangsuli: gusti panjênêngan paduka têka salah wèwèng wontên ing patapan Sadhaka botên lajêng sampurna jati, murut dhatêng kadewatan. Sang prabu gumujêng kyai patih lajêng dipun rangkul, punika kyai patih sawêg sumêrêp yèn têtela sang prabu. Sang nanata. lajêng nyariyosakên lêlampahanipun turut botên wontên ingkang kalangkungan, salêbêtipun sang prabu ngandika: kyai

--- 57 ---

patih tansah angrêntahakên waspa, satêlasing pangandika: kyai patih matur. Dhuh gusti: kawula rumaos manggih ratu pituruning dewa ingkang sagêd angasrêpi jagad, ing mangke panjênêngan paduka kawula dhèrèkakên kondur angrêngganana malih ing karaton Marutamanda, rayi paduka Sang Prabu Pracondha wangsula kalênggahanipun lami nyatriya agêng malih angawat-awati panjênêngan paduka.

Kakang bangêt panarimaningsun, sêtyanira marang panjênêngan ingsun, ingsun rumasa ora bisa malês, nanging karêp ingsun, ora mêngkono, adoh nyipta kawibawan, amarga ingsun wis yuswa sarta wis lawas ora ngasta karaton, bokmênawa malah agawe rêngkaning praja. Dene karsaningsun ora liya mung arêp momong gustinira kaki adipati, kaya layang ingsun marang yayi Pracondha.

Gusti: karsa paduka punika, kawula botên sagêd [sagê...]

--- 58 ---

[...d] maoni, kawula amung jumurung saha ngèstokakên karsa paduka, nanging panjênêngan paduka kêdah botên kawulakêdah kawula. aturi kondur dhatêng nagari.

Karêpira iku ora ana pakewuhe kakang, nanging sira katêmua dhisik karo yayi dèwi lan kaki adipati munggah mênyang pacrabakan ingsun: saiki.

Kawula nuwun inggih sandika.

Kyai patih lajêng andhèrèkakên konduripun sang prabu, nanging botên kalilan anggugahi para bupati sarta para wadyabala ingkang sami lêrêp ing pasanggrahan.

Sang prabu lajêng tindak namung kalihan kyai patih minggah dhatêng ing pratapan, ingkang rayi sang prabu: Dèwi Angin-angin dèrèng sare nglêmbur nyulam agêmipun jubah ingkang raka, ingkang putra ugi dèrèng sare sawêg nocogakên sêrat Bomakawya kêkarangan saking Kêling, kasaru rawuhipun sang prabu, kadhèrèkakên kyai

--- 59 ---

patih. Kyai patih sumêdhot sumêrêp dhatêng Dèwi Angin-angin, sarta sumêrêp dhatêng Radèn Timur warnanipun botên kalih kalihan ingkang rama, sang prabu angandika, yayi: kakang patih têka ing patapan arêp mondhongi marang ingsun: bagèkêna.

Nuwun inggih sandika. Pun kakang punapa sami wilujêng dhatênge wontên ing pratapan Sadhaka.

Kula nuwun pangèstunipun gusti kula kangjêng ratu êmas: nuwun wilujêng.

Suguhên apa-apa: yayi.

Nuwun inggih sandika.

Bok sampun gusti: dalu-dalu.

Tiyang wontên, punika camcaman pangunjukan wedang jae saosane sang prabu sampeyan lorod: môngga.

Inggih nuwun. Kalêrêsan gusti asrêp-asrêp wontên ing rêdi, pikantuk ngombe wedang jae, sagêd [sagê...]

--- 60 ---

[...d] panas dhatêng badan.

Punika ulam ayêm kidang angsale ngala pun cantrik kala wau siyang, sampeyan têdha kalihan lopis: eca.

Inggih nuwun.

Kakang: prayogane sira muliha dhisik marang nagara matura yayi prabu ngaturna lêlakon kang wis ingsun têmu sarta kalawan parênge yayi prabu ingsun nyidakake karsaningsun kaya kang wus muni ing layang ingsun panglamar.

Kawula nuwun inggih dhatêng sandika. Ing wanci enjing kyai patih mudhun saking ardi rawuh ing pasanggrahan lajêng awêwartos dhatêng para bupati ingkang pinanggih sariranipun kala wau dalu, para bupati sami malêngak èsmu kagawokan, wusana lajêng tata-tata bidhal wangsul dhatêng nagari.

Kacariyos Sang Prabu Pracondha sapêngkêripun kyai patih tansah angajêng-ajêng dhatêngipun sarta ambêktaa [a...]

--- 61 ---

[...mbêktaa] pandhita, dèrèng dumugi panglocitaning galih kasaru gègèring jawi sami alok dhatêngipun kyai patih, sang prabu enggal miyos sinewaka, kyai patih lajêng ngandikaningandikan. lajêng dhatêng pasewakan, dèrèng ngantos matur sampun kadangu, êndi kakang pandhitane.

Kawula nuwun gusti, pandhitanipun kalintu raka tuwan Sang Prabu Sindhung Aliwawar, sande seda lajêng mawiku wontên ing patapan Sadhaka. Lajêng kaaturakên lêlampahanipun ingkang raka miwiti malah amêkasi. Sang prabu sakalangkung ngungun wusana bingah ing galih dene ingkang sadhèrèk namung satunggal sampun seda sapunika pinanggih sugêng malih, karsanipun daya-daya badhe lajêng sowan dhatêng ingkang raka sarta lajêng amondhongi dipun aturi kondur dhatêng nagari. Sang prabu lajêng apradandosan, ingkang rayi Dèwi Maruti, sarta ingkang putra Dèwi Sumilir sami kakarsakakên [kakars...]

--- 62 ---

[...akakên] dhèrèk pisan, sang pramèswari sakalangkung bingah badhe kapanggih kalihan ingkang bok ayu, botên lami sampun samêkta lajêng bidhal, kêbut tiyang sanagari.

Sang nata pandhita sampun midhangêt pawartos yèn ingkang rayi Sang Prabu Pracondha sarta garwa putra sowan dhatêng ing patapan, sang nata karsa amêthukakên rawuhipun ingkang rayi sarta ingkang garwa Dèwi Angin-angin tuwin ingkang putra Radèn Timur sami kakarsakakên dhèrèk, Dèwi Angin-angin sakalangkung bingah badhe kapanggih kalihan ingkang rayi Dèwi Maruti, sarta kapengin badhe sumêrêp ingkang putra kapenakan ingkang apêparab Dèwi Sumilir sarta ingkang badhe kapundhut mantu, tindakipun sang nata pandhita kadhèrèkakên para ajar, wêwasi, puthut, cèkèl, jêjanggan, manguyu, cantrik, indhung-indhung, galuntung, botên kantun, sang pramèswari kadhèrèkakên [kadhèrèkakê...]

--- 63 ---

[...n] para endhang, dêdungik, abêtan, obatan,abêtan. ubon-ubon, bidhang dhayang, sontrang mêntrik, ugi botên kantun tiyang sapatapan kêbut sami andhèrèk sadaya.

Tindakipun Sang Prabu Pracondha dumugi sukuning ardi Sadhaka, ingkang raka sang prabu sampun dangu angêntosi wontên ing tarub wangunan, sarêng katingal ingkang raka jumênêng wontên madyaning têtarub, Sang Prabu Pracondha lumajêng gurawalan angrungkêbi sampeyanipun ingkang raka sarwi lara-lara karuna pindha wanodya, Sang Prabu Sindhung Aliwawar tansah nênggak waspa wusana botên sagêd nahanakên têmahan anglud tumut bela karuna. Makatên ugi Dèwi Maruti sarêng kapanggih kalihan ingkang bok ayu sangêt kasok ing galih kèngêtan kala timuripun ingêmong dening ingkang bok ayu alara-lara karuna sambat amêlasasih, ingkang bok ayu tansah carocosan [carocosa...]

--- 64 ---

[...n] angêbêsi pungkuranipun ingkang rayi, tiyang sapasanggrahan tumut bela karuna sadaya.

Namung kyai patih ingkang botên tumut karuna malah sasêmbranan kalihan cantrik, oraa: trik, kowe kuwi anu apa athik padha milu nangis pating slênggruk, apa kowe sumurup rêmbuge prakara iki.

Botên dara patih, sayêktosipun manah kula punika taksih mêjaho, namung anggêripun tumut nangis nama botên kainan.

Ora kainan kêpriye.

E, bilih wontên ganjaran dhatêng ingkang sami tumut nangis badhe botên kêlangkungan.

Dadi tangis golèk pêndhok, iku arane.

O, têbih ingkang makatên wau mênggahing kula, awit kula namung nrimah jubah, botên pados lowongan jajar kêmit siti.

--- 65 ---

Sarèhning mung nrima jubah koarani apa.

Inggih botên mawi nama namung blaka wijaya, nyuwun lorodan jubah: epah anggèn kula tumut nangis.

Sirêp ingkang sami nangis, sang prabu sêpuh angandika, wis yayi aja sira rasakake lêlakon kang wis kapungkur, balik ing saiki ayo golèk pikir kang prayoga linakonan, sang prabu bidhal kondur dhatêng patapan, kêbut sawadyabalakuswa, sami sanalika ing pasanggrahan kados nagari, jêjêl uyêl-uyêlan sami pados pamondhokan, sang prabu wrêdha saha taruna sarta sang pramèswari sakalihan, sami botên kenging pisah andumugèkakên onêngipun, makatên ugi Radèn Timur kalihan ingkang rayi Dèwi Sumilir rukun anggènipun saduluran, nanging ciptaning galih sanès, sami rumaos kogug yèn dadosa garwa, mila rakêtipun saduluran botên mawi angandhut wadi.

--- 66 ---

Antawis pêndhak dintên sang prabu wrêdha saha taruna sami paginêman, ingkang kakarsakakên ngadhêp namung Kyai Patih Tanggulangin, pangandikanipun sang prabu wrêdha. Yayi karsaningsun sira lêstaria jumênêng nata binathara ana ing nagara Marutamanda, ingsun wus narima mawiku ana ing Sadhaka bae, sarèhning sira ora duwe yoga jalu, anakira kaki Timur sira angkata dadi pangeran adipati anom, sarta ing têmbe dhaupa karo sutanira nini Sumilir, ingsun wis pitaya ing sira.

Gusti ratu sadhèrèk kawula sêpuh, kawula botên bingah jumênêng nata bilih ningali panjênêngan paduka nandhang papa cintraka wontên ing ardi, anggèn kawula kalampahan jumênêng ratu namung saking pamêksanipun kakang patih, amargi kawula rumaos taksih tidha-tidha, botên sande dados gêgujênganipun para ratu ing ngamôncapraja, ananging sarèhning panjênêngan [panjênêng...]

--- 67 ---

[...an] paduka seda, kadospundi anggèn kawula badhe nyelaki dhatêng pamêksanipun kakang patih wau, kalampahan kawula jumênêng nata akanthi prihatosing manah. Wusana ing mangke panjênêngan paduka aparipurna botên dumugi ing layon, kawula sèwu bingah prasasat amanggih sêsotyaning bumi ingkang badhe nyoroti surêmipun praja ing Marutamanda salaminipun paduka tilar, dene kawula narimah wangsul nyuwita ing panjênêngan paduka nyatriya kados ingkang sampun kalampahan.

Yayi prabu sira aja wangkot, sira mung sadarma anglakoni parentah ingsun, ora kêna sira popomopo. lan maninge enz asthabrata.

Aturipun sang prabu taruna, ratu sadhèrèk kawula sêpuh mugi angsala pangèstu paduka sagêd anglampahi ing rèh paduka ingkang sampun kadhawuhakên, saha badhe kawula èstokakên kanthi pangaji-aji saha [sa...]

--- 68 ---

[...ha] botên supe angluhurakên asma paduka ing salami-laminipun.

Andungkap sawulan sang prabu taruna wontên ing pratapan Sadhaka: sampun kalilan kondur saha garwa putra sarta Radèn Timur ingkang minôngka pambajênging putranipun sang prabu taruna: kabêkta. Untabing bala asêlur lumampah urut galêngan kados sela blêkithi, ing pratapan koncatan mêmaniking praja katingal nyênyês, roda mala pêpês dening katrajang ing angin, suwir kadadak, katingal amêmêlas, kathah lêlangêning wukir yèn kacariyosna sadaya.

Sarawuh ing praja sang prabu lajêng amranata sawarnining prakawis ingkang pêrlu-pêrlu angèstokakên piwêlingipun ingkang raka sang prabu, andadosakên sakecane manahipun têtiyang alit, sarta ing sabên-sabên sang nata angrêmbag prakawis, ingkang putra Radèn Timur kakarsakakên andhèrèk, antawis [antawi...]

--- 69 ---

[...s] sataun, Radèn Timur sampun katingal limpad ing panggraita, lantip ing pasang cipta sarta simpên wiweka, kasok sihipun sang prabu, tumuntên Radèn Timur kaangkat dados pangeran adipati anom, jumênêngipun mawi pasamuwan agêng, ingkang raka sang prabu inggih dipun aturi uninga, inggih asangêt suka pirênaning galih sarta aparing pangèstu wilujêng. Antawis sataun malih karsanipun sang prabu, pangeran adipati anom, badhe kadhaupakên kalihan ingkang putra Dèwi Sumilir, nanging sangêt ing pamoponipun, ingkang putra piyambak inggih sangêt ing pamoponipun, amargi rumaosipun sang rajaputra, dhatêng ingkang rayi sang rajaputri sampun kados sadhèrèk piyambak, rintên dalu pêpanggihan akula-kuli, makatên ugi sang rajaputri dhatêng ingkang raka sang rajaputra botên wontên sanèsipun, têbih cipta ingkang makatên.

--- 70 ---

Rukunipun saduluran sang rajaputra sang rajaputri adamêl sêkêling galihipun sang prabu, lêpat ing pangajêng-ajêngipun, karsanipun sang nata namung badhe kasarèhakên rumiyin, mênawi sampun tita taksih wangkot, badhe kapêksa saking pangwasaning ratu. Ingkang raka sang prabu inggih sampun dipun aturi uninga ing bab wau punika, sampun saèstu adamêl èmênging galih. Kandhêg samantên gêstosgêntos. kacariyos.

Wontên gêgêmpalan kôndha sabêdhahipun nagari ing Pôncaruka ingkang jumênêng nata binathara ajêjuluk Prabu Baratkatiga kagungan putra putri kiwa ing warni ngantos anggagrag botên sagêd apalakrama, kajawi lumuhipun ingkang katariman, sang nata piyambak lingsêm mikramakakên putra wau punika, mila ngantos sarisaking praja lêstantun botên palakrama, sarta lajêng anglès saking salêbêting pura tanpa kanthi pados margining pêjah malêbêt ing wanapringga [wanapring...]

--- 71 ---

[...ga] sêdyanipun sang ayu sajumênêngipun ingkang rama badhe wahdat tanpa krama, sarta kalayan panarimahing galih mupus dhatêng papêsthèning sariranipun, sarisaking karaton sariranipun aji godhong salêmbar, pêpuntoning karsa mila lajêng anis saking pura wau sarta botên sumêrêp badhe kadadosaning sariranipun, sang ayu kaparingan jêjuluk dhatêng ingkang rama: Dèwi Rasêksi, inggih saking awoning warninipun wau ngantos kados danawa èstri.

Sang ayu wontên madyaning wana kèndêl wontên ing rêrèjèng cêlak guwa miring aup dening kayoman ing kajêng trênggulun, ing ngriku wontên pancuran alit ingkang mêdal saking lambunging rêdi dhumawah ing sela tala lètèr kados pinatar dening tansah kêcuran toya marta rintên dalu kumucur swaranipun angêrês-êrêsi manah. Sang ayu kapengin badhe siram anêlês rema lajêng ngrucat busana botên mawi wigih awit lôngka [lông...]

--- 72 ---

[...ka] mênawi wontêna janma ingkang sagêd dhatêng ing ngriku, sanadyan sang ayu asipat danawa, nanging pasariranipun lurus jênar apindha bêngle kèris, dhasar mêntas kasongan ing raditya umobing rudiranipun wadana apindha kapundhung pinêcah abrit amaya-maya.

Ing salêbêting guwa miring wontên pandhita rêksasa ingkang maratapa anênêdha pitulunging dewa ingkang linuwih, sagêda punjul sasamining tumitah amêngku buwana ing tanah Ngatasangin, nalika sumêrêp dhatêngipun sang ayu mawas saking salêbêting guwa aling-alingan pongoling padhas ingkang dados warananing guwa, sagêd waspada botên kanyanan saking jawi. Sang pandhita rêksasa ing batos eram ningali dene wontên jilmajalma. manungsa ingkang sagêd ngambah ing patapanipun, dangu ngawasakên saparipolahipun sang rêtna. Sang rêtna: anggènipun siram nêlês rema, pancurating toya pancuran ingingkang. dhumawah ing sirah mawur kados anaman [a...]

--- 73 ---

[...naman] jala tumangkêp ing sarira pindha mina wontên salêbêting wisaya, saya adamêl ribênging manahipun sang pandhita rasêksa, sang pandhita tansah mangu-mangu mulat dhumatêng warnanipun sang rêtna, wudhar subratanipun acipta rêsmi, enggal mêdal saking ing guwa nyêlaki sang rêtna sarta nandukakên têmbung pamiluta angarih-arih manis amanuhara, dhuh woding ati mara: rara, sapanên dasihira kang nandhang wiyoga kadadak kêna ing kêmate wêwayanganing warnanira kang tumiba ing tirta sugônda.

Kados punapa kemawon kagèting galihipun sang rêtna sarêng sumêrêp wontên rasêksa angrêrêpa, githokipun mangkarag wulunipun anjêgrig, sariranipun gumêtêr, biyas paningalipun, lajêng ngadhoko timpuh asinjang rambut, sanadyan sang rêtna apindha rasêksi inggih ugi sangêt gila sumêrêp rasêksa, awit katêmbèn sumêrêp sawêg sapisan punika. Sang rêtna namung acipta pêjah lajêng narik patrêm badhe suduk [su...]

--- 74 ---

[...duk] sarira, enggal sang pandhita rasêksa ngrêbat patrêmipun sang putri, sarta sang putri lajêng winasesa rinodapaksa kados satataning rasêksa.

Rêroncènipun botên kacariyos, sang ayu sampun mupus narimah ing pêpasthèning sariranipun, têntrêm sakaroron wontên ing pratapan, sang rêtna sampun ngidham-idham kaworan, kapengin gêcok mêntah.

Lah sapunika mantun têmbunging putri: santun têmbunging dênawa inggih punika wontênipun nama dênawa jalêr: rasêksa dênawa èstri: rasêksi saking namanipun pandhita rasêksa, dèwi rasêksi.

Wong lanang: aku kapengin gêcok mêntah golèkna saiki, yèn ora koturuti aku mati.

Hah, ngêndi ana putri doyan gêcok mêntah.

Sing marai doyan iya rohmu kiye, yèn aku dhewe môngsa doyana, yagene kowe salah gawe wong lagi adus, dikêpruk nguwong dhasmu.

--- 75 ---

Adhuh biyung: athik malih lantap sinèh, dene biyèn apik alus.

Tobil-tobil, gêdhe têmên angkuhmu jaluk diajèni, apik alus iku rak yèn ana ing kadhaton, winongwong ing rama ibu laki olèh satriya bagus, balik ana ing dhangkamu laki olèh buta bêrduwak, gawene apa athik nganggo olas-alus, agal bae apa ora uwis.

Agal iya agal, nanging ora prak pruk mêngkono.

Aja crèwèt dirampog, nuli minggata, aku sêlak ora bêtah nyêgah kapenginku.

Bojlèng-bojlèng bêlis laknat ajejegan: ora, kêpruk, rampog, iya ta wis tak lunga, dibêcik saungkurku, aja sêdhih bae, dhenok, olèh ora: ora lawas aku nuli bali.

--- 76 ---

E, e, aja mainan kowe, mêsthi olèhna, aja salah wèngwèng.

Salah wèngwèng nyang ngêndi, sêtun mampir nyang abipraya.

Aja lo: aja, kowe rak durung bayar kontrobisi. Dièwèng-èwèng kakangne nara: kasèp.

Adhuh babo wong ayu kalingane trêsna marang pun kakang, apa baya kang tak walêsake kajaba trêsnaku sakranjang gambir iki tak sokake marang kowe kabèh.

Wis ta aja kakehan calathu, nuli mangkata.

Iya tak mangkat, karia slamêt, pêthèknapêsthèkna. olèhe.

Iya wong lanang nyangoni slamêt.

Sigêg gêntos kacariyos, Sang Prabu Bajrapati ingkang akadhaton siluman wontên ing dhasaripun rêdi Saribit, miyarsa yèn ingkang wayah buyut Sang Prabu Sindhung Aliwawar ingkang mawiku wontên pratapan [pratapa...]

--- 77 ---

[...n] Sadhaka sarta Sang Prabu Pracondha ingkang angrênggani kadhatodkadhaton. ing Marutamanda, sami tikbra ing galih dening pugalipun ingkang putra Radèn Timur sarta Dèwi Sumilir mopo jinatu krama kalihan ingkang sadhèrèk nak sanak piyambak, supêkêtipun saduluran kados tunggil sayayah rena. Dangu Sang Prabu Bajrapati anggalih sayoginipun ingkang linampahan, ngowêl ing kalih-kalihipun sampun ngantos curês turunipun ingkang wayah buyut, mokal yèn cidraa wêcaning dewa ingkang sampun kadhawuhakên dhatêng Prabu Bajrapati, sang prabu angêningakên cipta dhasar sampun sarira bathara, sakêdhap sampun pikantuk sarana ingkang sagêd andadosakên kamulyaning praja. Mêsat saking pura siluman aniyup dhatêng ing kadhaton Marutamanda, wanci sidhêm kayon anjujug ing kaputrèn, sang putri sawêg lênggahan kalihan ingkang raka Radèn Timur, aginêm raos wêwadining Sastrajendra [Sastraje...]

--- 78 ---

[...ndra] Yuningrat, inggih punika kawruh kasampurnaning pati, sang putri cinandhak kabêkta muluk ngambara, kadospunapa kagèting galihipun Radèn Timur, sarta mirêng sambatipun Dèwi Sumilir akèn nututi, tiyang sakadhaton otêr tangis gumuruh kados anjêbol-jêbolna kadhaton, sang prabu sarta sang pramèswari enggal rawuh ing kaputrèn, sang putri pinanggih sêpên, sarta botên wontên abdi ingkang kenging kadangu, rajaputra sampun oncat saking kadhaton namung kalihan panakawan kêkalih anututi duratmaka ingkang andhustha ingkang rayi sang putri, sirêping tangis sang prabu sawêg sagêd miyarsakakên aturing êmbanipun sang putri, yèn sang putri sawêg lêlênggahan kalihan ingkang raka Radèn Timur, tumuntên wontên saking nginggil, raksasa punapa manungsa nyandhak sang putri kabêkta ngambara silum, rajaputra lajêng nututi sapurugipun anut swaraning tangis, sang prabu lêgêg ing galih, sang pramèswari [pra...]

--- 79 ---

[...mèswari] anjrit karuna dhawah ing kisma ngantos kantu saya adamêl wêwah giyuhing galihipun sang prabu, ingkang rayi kacandhak katarik wontên ing pangkon sarwi ingêmêk-êmêk êmbun-êmbunanipun, sarêng èngêt lajêng angrungkêbi ingkang raka: sarwi matur, gusti pun Sumilir wontên pundi, kula botên sagêd kantun, sang prabu angandika: sarèhna pikirmu yayi dhisik, tak ngaturi uninga marang pratapan, sang prabu lajêng utusan ngaturi ingkang raka. Utusan enggal lumampah, dhatênging utusan ing pratapan, matur sarèhing dinuta sarta angaturi rawuhipun sang prabu. Sang prabu wrêdha sakalangkung kagèt sarta ngungun ing galih lajêng enggal tindak, sarawuh ing kadhaton, taksih amêningi otêring pura, sang prabu taruna lumèngsèr lênggah marikêlu nêmbah sarwi matur, gusti putra paduka pun Sumilir dhinustha ing duratmaka, putra tuwan pun Timur ingkang ngodhol lampahing duratmaka. Sang prabu

--- 80 ---

wêrdha tansah kèndêl, anggagas salêbêting galih bab lêlampahanipun ingkang putra Radèn Timur lajêng angêningakên cipta, sami sanalika angsal sasmitaning dewa yèn ingkang putra namung kinarya lêlampahan amatêngakên tapanipun, ing têmbe dhuriwuri. badhe manggih kamulyan sarta saèstu dhaup lan ingkang putra Dèwi Sumilir, nanging ing mangke taksih sinamar dening jawata ingkang linuwih, sanadyan namung kaaling-alingan gedhonggodhong. salêmbar: botên katingal, luwar anggènipun angêningakên cipta lajêng ngandika dhatêng ingkang rayi, yayi: prakara putranira sakarone wis aja sira rasakake, mung pinasrahake marang dewa kang linuwih bae, awit kabèh-kabèh saka karsaning Hyang Jagad Pratingkah, kawula mung sadarma anglakoni, ing mêngko mung padha mêmuji rahayune putranira sakarone.

Kadospundi: gusti, punapa kula botên mawi

--- 81 ---

budidaya nyêbar para wadyabala angulari ing kesahipun putra tuwan pun Timur, sarta angisêp-isêp dununging ênggènipun putra paduka pun Sumilir.

Kang mangkono iku luwih prayoga yayi, nanging satêmêne mung ganêp-ganêpe bae, têka bakal olèh gawe: ora, dene kang luwih pêrlu sira anyênyuwuna pitulunging dewa: dinêmên.

Kula nuwun, punika ingkang mêsthi kula lampahi sarta kalayan dhawuh paduka.

Wis yayi: ingsun banjur nulak bali mulih marang pratapan.

Punapa botên mawi kèndêl sakêdhap angêsatakên riwe.

Wis ora yayi, Sang prabu lajêng kondur dhatêng ing pratapan, botên karsa kadhèrèkakên, lajêng saya anggêntur tapa.

Sang Prabu Pracondha utusan animbali kyai patih, kyai patih sampun wontên ing srimanganti tugur

--- 82 ---

kalayan ingkang para nayaka sarta sampun midhangêt pawartos yèn ing kadhaton wontên damêl agêng bab icale putranipun sang prabu: Dèwi Sumilir, sawêk angginêm sarta angudaraos sintên ingkang mara sandi mêjanani dhumatêng sang prabu: andhustha dhumatêng sang putri, nanging binudi-budi mêksa botên sagêd pinanggih, awit para ratu ing ngamôncapraja têtimbanganipun sang prabu sami apawong mitra sae saeka kapti, mokal mênawi anindakna pandamêl awon, awit kenging tinêmbung sangkaning aris, dhasar sang putri dèrèng darbe pêpacangan, pinacang lan ingkang sadhèrèk piyambak Radèn Timur, sami lumuhipun, ngantos misuwur ing praja liyan ing bab sandening pêpacangan, lêgêg galihipun kyai patih sarta para nayaka botên wontên ingkang sagêd angsal wêwêngan buntu pikiripun kados sinumpêt. Kêsaru dhatênging utusan saking kadhaton, kyai patih ingandikan, lajêng kèrid [kè...]

--- 83 ---

[...rid] ing lampah dumugi ngarsanipun sang prabu: kadhawahan lênggah, nyakêt sarta kaparingan sumêrêp ing bab wau punika mawi winangsit ing dhawuh pituturipun sang prabu wrêdha, kyai patih wontên asrêpipun ing galih sakêdhik dene taksih anggadhahi pangajêng-ajêng badhe karaharjaning têmbe. Dhawuhipun sang prabu, kakang: saiki sira amataha kancanira bupati patang wadana angulari lungane kaki putra sarta ngisêp-isêp panggonane nini putri, lakune aja kumpul, binancang-bancanga mangalor mangidul, mangetan lan mangulon, êndi kang olèh gawe enggal ngaturana uninga.

Kawula nuwun inggih dhatêng sandika, saha sadèrèngipun wontên dhawuh paduka anglampahakên utusan, kawula sampun andhawuhakên waradin dhumatêng abdi paduka para wadana tamping angupadosi sarta ngulat-ulatakên kadosa dhawuh wau punika.

--- 84 ---

Sukur: kakang, yèn wis sira dhisiki parentah, wis kakang: banjur tindakna.

Kawula nuwun, inggih dhatêng sandika, kyai patih mêdal saking kadhaton wangsul dhatêng pasowan srimanganti, andhawuhakên timbalanipun sang prabu, para nayaka manggalaning praja sami apradandosan sarta lajêng bidhal saking ing pasowanan kemawon, asowang-sowang andum lampah, sami kapacuhan botên kalilan mantuk bilih dèrèng kapanggih sang raja putri.

Sang prabu botên karsa miyos sinewaka amancasi saliring prakawis kados saban-saban, kapasrahakên dhumatêng kyai patih sarta kondhangipun para nayaka sakawan ingkang sami tinanggênah têngga praja, sang prabu mêmpên wontên ing sanggar pamujan, nungku puja samadi anyênyuwun karaharjaning putra.

Gêntos kacariyos lampahipun Sang Prabu Bajrapati ngambah ing gêgana cumlorot kados thathit niyup mangandhap, [manga...]

--- 85 ---

[...ndhap,] icalipun wontên ing rêdi Saribit, inggih punika kadhatonipun siluman Prabu Bajrapati, sang putri kaudhunakên saking ing gendhongan, jlêg katingal kadhaton nawa rêtna pinajang linungsir-lungsir, ing jrambah ginêlaran babut dêdamêlan tanah Ngindi, saka sinêkar kinayu apu apêpulêtan, ing langitan linangse ing maliyo seta, ing têngah kapasangan dilah lilin sèwu mawi pangapit krun cawang tiga lung-lunganipun kênaka luru sinuji pindha godhonging kêmuda, ing saka-saka sami kapasangan teplok adhapur pêksi branjangan mabur kêkêjêr, gaganging teplok akik ijêm, umpaking saka sela lintang katingal pating parêlik, sarasahipun sela cêndhani warni biru laut, pating jalèrèh kados ilining toya, wêdalan ing nagari Kusta, undhak-undhakanipun tundha sanga, ing pêngkêran patamanan agêng wontên bale kambangipun, toyanipun tansah angombak dening kêjogan pancuran [pancura...]

--- 86 ---

[...n] ingkang mêdal saking lambunging ardi Saribit, lubèr anêlêsi patamanan, balunganing bale kambang kajêng cêndhana mawi sunduk kili ingukir kinarawistha, payonipun kajêng wêsi ingkang botên sagêd risak salami-laminipun.

Sang putri kenging daya prabawanipun ingkang eyang canggah Prabu Bajrapati, wontênipun ing kadhaton siluman anyupèkakên dhatêng rama ibu, namung miturut sapangrèhipun ingkang eyang, sang putri kadunungakên wontên ing yasa kambang majêng mangidul, gapura majêng mangetan, kori kamar ingkang kilèn namung isi pasarean kathil, bakalipun kajêng arêng-arêng lis-lisan kinarawistha ing kêncana mulya, kasuripun sutra kêling cinuki ing songa wungu, kajêng sirahipun sutra lumbu, kamar ingkang wetan namung isi padandosan, kalihan pasuryan sapirantosipun, tuwin lêmari gêdhah alit wadhah agêm-agêman, ing jrambah rêsik ginêlaran babut sêsêkaran, [sêsê...]

--- 87 ---

[...karan,] namung ing têngah kapasangan kursi gadhing satunggal, kênap alit satunggal katumpangan primbon, sarta têpining jrambah katherekan rêca kêncana luru, nêstha tiyang jalêr èstri kathahipun gangsal jodho, namung ingkang sajodho kinarukup ing sutra jêne, sang putri lênggah ing kursi gadhing karsa mariksani primbon, kalolos saking ulêsipun sutra jêne, katingal samakipun mubyar tinarètès ing sêsotya, sang putri eram katêmbèn sumêrêp samak ingkang makatên warninipun, sarêng kawiyak saya eram ing galih dening sastranipun sinêrat ing toya êmas sadaya sarta padanipun mawi kinurung ing lung-lungan, pinindha lunging sêkar sônggalangit rumambat ing pêparang rumpil, sarta sastranipun Kawi Kêling, sang putri wiwit timur ngantos diwasa pinrêtêg ing piwulang wontên ing pawiyatan agêng gurunipun kawan likur, sang putri sampun lêbda dhatêng têmbung sarta sastra Kawi Kêling, mila karêmênan maos [mao...]

--- 88 ---

[...s] sêrat parimbon wau. Suraosipun anyorahakên lêlampahanipun para ratu agêng ing Ngatasangin, tumuntên nyandhak cariyosipun para ratu lêluhuripun ing nagari Marutamanda, wiwit ingkang eyang warèng ingkang jumênêng nata sapisan ing Marutamanda, inggih punika ingkang rama ingkang eyang canggah Sang Prabu Bajrapati, sarta amratelakakên lêlampahaning karaton tuwin gambaring sarira kadhapur rêca, ing palêmahan ngandhap kacirenan sastra Ibrani mawi titimôngsa yuswa sarta ing sedanipun, sang rêtna kagèt ing galih jumênêng saking kursi lajêng nyakêt ing gambaripun ingkang eyang warèng kakung putri lajêng dipun ngabêktèni, rêca ing kiwanipun sang putri botên pandung yèn gambaripun ingkang eyang buyut Prabu Bajrapati kakung putri ugi lajêng dipun ngabêktèni, nanging ing kiwanipun malih taksih kalih rakit sarta ingkang dipun lurubi jêne sarakit, sang putri dèrèng sumêrêp [su...]

--- 89 ---

[...mêrêp] gancaring cariyosipun, lajêng lênggah wangsul ing kursi andumugèkakên pamaosipun, inggih ugi tunggile cariyosipun ingkang eyang putra wayahipun Prabu Bajrapati, têlasing cariyos namung dumugi samantên, sang putri jumênêng malih saking kursi nyakêt panggenaning rêca ingkang dèrèng dipun ngabêktèni: ugi lajêng dipun ngabêktèni, kantun sarakit ingkang dipun ulêsi jêne ugi badhe dipun ngabêktèni, ciptanipun: môngsa dedea tunggilipun rêca gambaripun ingkang para lêluhur: botên, sawêg dipun bikak kagèt ing galih yèn rêca sarakit punika gambaripun Sang Pangeran Timur kalihan gambare sariranipun, acêcêpêngan asta sarwi liling-liniling, sang putri ngênglêng dadakan, sêbutipun, babo kalingane wong kang mêrak ati kae katêmu ana kene, manis sampeyan amêmanas manah, antêng sampeyan adamêl rêntêng, èsêm [è...]

--- 90 ---

[...sêm] sampeyan adamêl sêngsêm ingkang botên têlas-têlas, sumèh sampeyan anggrêgêtakên manah, namung kuciwa sampeyan: tani, botên kèndêl pangamenipun Dèwi Sumilir malah lajêng angrêrêpi.

Mijil

tanggapana rasaning tyas mami / wijile gumolong / mring andika salami-lamine / dasihira ubayèng dumadi / nora nambut krami / lyan sira wong bagus //

nadyan kongsi praptèng nini-nini / dèn atêmah kêmpong / babo amung nganti sarirane / bodho têmên kakang adipati / nonton Si Sumilir / têka amitambuh //

apa warnaku kurang prak ati / dene mengoh-mengoh / netraningsun kocak lir srêngenge / otot sumambung masêmu wilis / pranaja ngong iki / cumlorot lir daru //

jôngga lumung kadi lunging pakis / apa golèk gondhok / rema mêmak amêmês ingore / sêsinomku mrênthêl ngudhup turi / apa golèk brintik / bragadag [braga...]

--- 91 ---

[...dag] dinulu //

bau wijang anggandhewa gadhing / apa golèk ceko / lagi tumon wong kang kaya kuwe / baya iku lananging kêmangi / eling trahing wukir / blêjêd tani yutun //

tinggal lanjaran lawan wa aji / garwane kêmroyok / sabên mênyang pura tanpa gawe / bok ya duwe kuwanèn sathithik / dlêlêg kaya bayi / apa baya busuk //

yèn lilinge sumêlèt ngênèni / mokal yèn balênto / ewuh têmên pamikirku kiye / apa dadak nganggo diwarahi / tur nèh aku isin / durung tau-tau //

Kandhêg samantên gêntos kacariyos lampahipun Radèn Timur kalihan panakawan kêkalih anama pun Grubug tuwin pun Grêbêg, sarêng katilapan swaraning tangis saya ribêd ing galih, badhe wangsul lingsêm dhatêng ingkang rama Sang Prabu Pracondha, dene cabar ing damêl tanpa kasêktèn pisan-pisan, tansah anutuh sarira anggènipun dinama-dama ing rama ibu prasasat [prasa...]

--- 92 ---

[...sat] dados wisaning gêsangipun, mila Radèn Timur pratignya salêbêting galih sanadyan ajura atêmah bubuk badhe botên kondur bilih botên sagêd kapanggih ingkang rayi Dèwi Sumilir, lampahipun Radèn Timur amurang marga nusup angayam alas, karèndhèt-rèndhèt ing ri bandhil, samargi-margi angrêntahakên waspa katonton warnanipun sang ayu, panakawan kêkalih tansah sêsambat angaruara ngajak wangsul dhatêng nagari, nanging botên piniyarsa dhatêng Radèn Timur, sampun lêpas lampahipun, kandhêg wontên satêngahing wanapringga ngaub sangandhaping kajêng gurda wanci surya gumiwang nêdhêng-nêdhênge panasipun, suluring gurda angrongkop tumali ing sela nutupi udaling toya ing sêndhang, wêdaling toya pating srèwèh lajêng ngumpul dados satunggal, swaranipun kumrusuk ambarêbêgi kuping, lajêng anjog ing lêlêbak mawur kados dhawahing jawah kasabêt ing angin, Radèn Timur

--- 93 ---

karênan ningali kèndêl wontên ing ngriku, lênggah sèndhèn wit gurda, tansah kèngêtan dhatêng ingkang rayi Dèwi Sumilir acipta brônta:

Pangkur

kapungkur rèhing sujana / kasabêt ing dahat turida gati / barêbêl wêtuning êluh / kasok brônta mangarang / lir tinigas pagas têtalining jantung / ura ruhara kalintang / sêsêg uswasa tan aris //

pêtêng panduking paningal / lir tiniban hru pamungkasing pati / ngalèlèh kadi nandhang puh / nèng têtambining wrêksa / gung sêsambat dulunên kang kawlasayun / suka kulinèng wulusan / mung mangajap-ajap pati //

yèn tan panggih sira mirah / ingkang sawang gêbyaring sitarêsmi / netra lir kilat mabarung / gênjoting kanang imba / angobahkên bayu wilis kang sumambung / lir saradibya lumarap / tumancêp ngênani ati //

pangarasan maya-maya / masmu rêkta lir mawar wanci enjing / wèh sugônda marbug arum / orêm tyas kudhandhangan /

--- 94 ---

angulari tanpa sêdya nut ing suku / pindha kinjêng tanpa soca / tan wruh sidaning dumadi //

lung gadhung mulêt wilada / kèngêl dening katêmpuh erawati / kadi jangganira manglung / ngungak kang kasangsaya / sêsuluring mandira kataman bayu / bayak manglaga lir asta / arsa tumulung ing dasih //

tuna dungkapira têmah / kèdêr muwêr mawur pating saluwir / ginayuh saya mandhuwur / sida kari anggana / nèng pêparang parêk têpining pêparung / tanwun kalêbèng jêjurang / tanpa tilas praptèng pati //

angkup karakêt ing êpang / kêlèk-kêlèk nyabawa amêlingi / pindha kang sata mangalup / ngulari renanira / lir mangkana wandèngwang upaminipun / gung sêsambat ngaruara / angarang tan bisa aring //

nyalèntrèng kang himalaya / tumawêng ing acala angêmuli / rumamyang mulêt kadulu / lir rimongira mirah / wanci enjing midêr ing taman mèt santun / kêpyuring kang riris manda ./ mawèh kêkêsing akingkin //

silêming hyang bagaskara / sandyakala sumuluh maratani [mara...]

--- 95 ---

[...tani] / lokat kalingkap kapanduk / dening sunaring surya / rêmu-rêmu amarna sèsi sawêgung / dadakan asalin cahya / pindha kêncana sinangling //

ambirat mêsuming rupa / nadyan kusut kawuryan katon kuning / babo nanging mung sapangu / oncat datanpa tilas / mung pêpêtêng ngalingi cintranta masku / tanwun ngong mati mangarang / pun Grêbêg nyauri ririh //

Dara: sampeyan kok jêbul ngame: ngotên, blai ane, la dhèk kriyin dospundi ta, kok botên didêkêp, sakniki êmpun digondhol ing buta ditangisi.

Radèn Timur kagèt, sanalika èngêt yèn wontên salêbêting sêdhih nandhang brônta dhatêng ingkang rayi Dèwi Sumilir, ciptanipun namung badhe alabuh pêjah, lajêng ngandika dhatêng panakawanipun kêkalih:

Pang: Sapa mau sing sambat ngaruara ngajak bali mulih.

Groeb: Pun Grêbêg.

--- 96 ---

Pang: Iya Bêg.

Gerb: Ênggih

Pang: Biyèn kowe rak wis tak tari apa kowe gêlêm milu salakuku, wangsulamu gêlêm, barêng wis ana ing saba paran pijêr muni bae.

Gerb: Ênggih lêrês kriyin kula matur sagah, nanging rak botên janji mlampah nekad mêkètên, mêrgi sing limit disimpangi, pados mêrgi sing rungkut-rungkut, nèk anu nyêbur sumur mawon pindhah, kula ênggih dhèrèk, ning ngantun, iyeiya. ngono ora, kang.

Groeb: Lha wong kowe ora dhêngêr kêrsane dara, iku rak digawe lampah, angèl iku mêrgane gampang, beda karo kowe, sing kogolèki gampange dhisik, angèle katêmu ing buri, mulane kowe tansah kasurang-surang bae.

Gerb: Em, kaya guru, sarira pakênira dospundi: [dospu...]

--- 97 ---

[...ndi:] mas.

Groeb: Aku mono jaragan, kapenakku wis tak êntèkake dhisik, saiki mung kari rêkasane bae: dhapur nyaur, besuk tontonên.

Gerb: Toblas, lèhmu ngêntèkake kamuktèn dhèk kapan, bok aja sêngung: Sèh Tekawêrdi, kaya aku ora wêruh jogèdmu.

Pang: Grêbêg, yèn kowe rumasa abot ngêtutake aku bêcik balia bae, aku tak nutugake laku karo Si Grubug bae.

Gerb: Gêdhugane nèk dipênggak banjur nundhung, êngga anjlog jurang mawon sisan, ning ênggih sampeyan kriyin, kula ngentun kaping kalih.

Kocapa lampahipun ditya rasêksa kados kinoncang ing dewa kalunta-lunta botên mirangguhi janma manungsa langkung ing wana, upami wangsula [wang...]

--- 98 ---

[...sula] botên ambêkta janma acipta lingsêm dhatêng ingkang rayi, sêdyanipun sang pandhita rasêksa badhe ambarak tiyang dhatêng padhusunan kemawon, sawêg kamanah-manah: brêbêt mambêt gandaning manungsa, enggal mrêpêki dhatêng panggenaning gônda kapagihkapanggih. Radèn Timur sarta panakawan kêkalih, sang pandhita rasêksa girang ing manah ngandhêg lampahipun sang pangeran.

Boet: mandhêga mandhêga lakumu aja bacut.

Groeb: Ut, bilai: ca, ana wewe.

Greb: wewe kêpriye, kuwi rak sanga bang.

Groeb: dudu uwong, wewe koèmpêrake sanga bang, lha wong kancilên lèhmu pèi mau bêngi nekad ngêdhagake paseban Radyapustaka dadi salah ton, pèh bêrgadag bae diarani sanga bang, kuwi rak rambut, aluwung aranana buta rambut gêni: rada ana èmpêre.

--- 99 ---

Gerb: La: apa galak, kang.

Groeb: Takonana dhewe kono.

Gerb: Nèk patute tutut, kêtara plengah-plèngèh ngono.

Groeb: Saya edan kowe kuwi, ana buta ngisis siyung diarani plengah-plèngèh.

Gerb: Siyunge kuwi aku dhêmên: kang, digawe ali-ali apik, putihe: putih gadhing.

Groeb: Coba jalukên nèk awèh gawenên ali-ali, tak damu saka buri.

Greb: Bok kowe: kang, tak sambat jalukake.

Groeb: Lo, kok ora bacut edan, nganggo eling duwe wêdi, dhèk kapan aku dadi sambatamu.

Gerb: Aja sumêlang: kang, dak tanggung bêdhahe dodotmu sêmpale rangkamu.

Groeb: Wis, ora caturan karo kowe.

--- 100 ---

Gerb: Oraa: untune le sapêthèl-pêthèl kuwi silèh, upama nglêthus êndhasmu rak mak cêplus têmênan.

Groeb: Nèk Dhangan polane bêcik êndhasmu dhewe.

Gerb: Jare mau wis êmoh caturan, banjur mak cag bae.

Groeb: La wong kêbangêtên unimu, sing bêtah ngrungokake bae: sapa.

Pang: Bok wis mênêng: gene, iki rak kêsandhung ing bêbaya.

Greb:Boet. He: satriya, mandhêga mandhêga aku jaluk baturmu siji bae.

Boet:Greb. Dara, pun Grubug mawon diparingake, kula tumut ngrencangi nyêpêngi sukune.

Groeb: Iya iya ngedana manèh nèk arêp kêtiban tangan dhasmu.

--- 101 ---

Greb: Duka panjênêngane: kowe.

Pang: Buta buta aja salah gawe wong lêlaku, mêmangsanmu kidang mênjangan, golèka ing grumbul-grumbul kang pêtêng, yèn baturku kojaluk, aku ora awèh.

Boet: He: satriya kowe aja pêpeka, baturmu ulungna, awèh tak jaluk, ora awèh iya tak jaluk, budi tak sêmbadani, bôngga tak rampungi.

Pang: Buta sikara, aja dupèh kowe gêdhe dhuwur rosa birawa nganggo siyung, angkaramu bisa gawe apêsing juritmu.

Boet: I: babo babo wong iki ora kêna ginawe bêcik.

Lajêng dados brawala, sang pangeran cinandhak lêpat, tinubruk mangiwa milar manêngên sarwi nyampe pok kuping kapilêng ngantos ngugut-ugut,Teks asli: 302.

--- 102 ---

tinubruk manêngên milar mangiwa sarwi nyampe cêcêngêl ngantos mêgap-mêgap, tinubruk saking wingking tuna dungkapipun dhawah krungkêb ing siti ngantos ababak bundhas, tinubruk abên ajêng tinêpak mukanipun kantu anjêrbabah andhêpani siti. Kandhêg wirodanipun sang pandhita rasêksa tansah agêrêng-gêrêng rumaos botên kaconggah nyêpêng dhatêdhatêng. sang pangeran, sêbutipun, i, i, i, bojlèng bojlèng bêlis laknat ajejegan, ya dewa bathara jagad, abot sanggane satriya iki. He he satriya aja girang-girang gumuyu antènana bêdhatku ing buri, janji kêna dak saut amêsthi pêdhot lambungmu, aja mati tanpa aran: sapa jênêngmu.

Gerb: Kasèp mas êmpun tabokan lagi takon jênêng, digawe napa la, klairan, sêpuhipun, griya botên ditakèkake pindhah.

Boet: Hus aja calak, aku dudu, mas buta asu.

--- 103 ---

Gerb: E, dados buta asu.

Boet: Hus, dudu, buta, asu.

Gerb: Has, hus bae, wong kene ora kasil: kok.

Boet: Hus, lungaa.

Gerb: Hus, inggih.

Sang ditya rasêksa angêtog karosan, gogot caruk asilih ungkih, sang pangeran kasaliring kenging sinaut binucal sêbrung dhawah ngadêg, tinangisan ing abdinipun kêkalih. Môngga dara sami mlajêng mawon, butane galak sayêktos.

Pang: Kowe kuwi gêmbèng têmên ta: Grubug, Grêbêg, wong ora ana apa-apa ditangisi, rak wis lumrahe wong kêrêngan iku gênti kêlindhih.

Gerb: Mênawi pun Grubug lasar gêmbèng, dara, tiyang mripat [mri...]

--- 104 ---

[...pat] yuyu.

Groeb: Kowe sing mripatmu mlolo athik iya milu nangis.

Gerb: Wong grubyug tembo kok, mèlu golèk pêndhok, satêmêne mung tangisan bae, ora nganggo êluh, dara seda utawa ora iku ingatase aku padha bae.

Groeb: Lha wong ya kowe trah kuli mulane pikirmu cêthèk, ora kaya aku, jêro.

Gerb: Jêro iya jêro, jarene aku iki sadulurmu tunggal ngringkêl, la, kowe trah apa.

Groeb: Nèk aku isih têdhaking kusuma, rêmbêsing madu trahing andanawa rih, beda karo bathangmu.

Gerb: Saya ribêng galih mami / miyarsa ing aturira / tunggal wêlat seje-seje / lah apa darunanira [da...]

--- 105 ---

[...runanira] / ingsun arsa miyarsa / matura ingkang satuhu / kang wani nyôngga upata //

Groeb: Sida edan kowe iku dadak ura-ura, kowe jaluk dibladhahake.

Gerb: Hê êh.

Groeb: Simbok iku rak ora krama, galihe rada bantêr bigar nyepak dara panji klanthung mêtoni mami, nyalêthik gamêle bah kapitan, mêtoni sira, mulane beda.

Gerb: Dadi sira lawan mami / padha kêna ingaranan / Grubug Grêbêg anak ...

Groeb: Bacutna, bacutna, nèk arêp komêt dhasmu.

Gerb: Ora, wong wis cukup: kuwi.

Pang: Grubug, jupukna panahku sing tak tinggal ana ing ngisor kayu gurda mau, tak lêpasane panah bae: butane.

Groeb: Inggih, mênika.