Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Pêthikan Saking Kabar Angin, Padmasusastra, c. 1901-05, #39 (Hlm. 106-212)

Katalog:Pêthikan Saking Kabar Angin, Padmasusastra, c. 1901-05, #39
Sambung:
1.Pêthikan Saking Kabar Angin, Padmasusastra, c. 1901-05, #39 (Hlm. 001-105). Kisah, Cerita dan Kronikal | Novel #897.
2.Pêthikan Saking Kabar Angin, Padmasusastra, c. 1901-05, #39 (Hlm. 106-212). Kisah, Cerita dan Kronikal | Novel #898.
3.Pêthikan Saking Kabar Angin, Padmasusastra, c. 1901-05, #39 (Hlm. 213-318) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Novel #899.

--- 106 ---

Sang pandhita rasêksa kadhawahan jêmparing denidening. sang pangeran, pêdhot utamangganipun, kasarêngan dhatêngipun dèwi rasêksi nusul ingkang raka saking dene lami botên wangsul-wangsul, sumêrêp ing pêjahe lakinipun, sang ayu anjrit karuna, i wong lanang, antènana aku, kowe tak belani.

Gerb: Wit, kêblak kulon, nglamongan têka, rupane athik bêlang kok dhuwur: kênci, ngisor dika, upama tanpa êndhas iba ayune.

Boet: Kowe sapa ngadhangi lakuku.

Gerb: Kula niki mandhor ing ... hut, apa ta iki têmbunge sing alus, redhakture ora wêruh ajêng golèki sampeyan kêtêmu ontên ngriki, dhapur kêbênêran.

Boet: Anu apa aku kogolèki.

Gerb: Dhawahe dara bèi Ondêr Nglawiyan, tose

--- 107 ---

sampeyan sade jambêt abrit.

Boet: Apa têgêse jambu abang.

Gerb: Bodho timên sampeyan niku: nèh, sêkopên abrit.

Boet: Ora nglakoni mêngkono aku.

Gerb: Ayak, ngono wae selak.

Boet: Ora tênan, aku dudu wong ala, dudu sing kogolèki.

Gerb: Prakara ngotên niku gampil, kantênane mangke nèk êmpun dikomisi, ngadêg napa linggih.

Boet: Sêmbrana kowe kuwe, sing arêp mriksa aku sapa.

Gerb: Ênggih tuwan dhoktêr kalih dara bèi ondêr.

Boet: Athik aku arêp dilinggihake ngisor ora awèh linggih kursi wong aku bôngsa Kurès.

--- 108 ---

Gerb: Milane niku, ngrika rak bôngsa asin.

Boet: Sanadyan mangkonoa, aku mopo.

Gerb: Ênggih kantênane mangke nyêtilpon têng nagari sakêdhap. Kring kring kring, êmpun têrang dhawuhe, sakajêng sampeyan kenging.

Boet: Ah, ya wis, tak mulih bae nunggang sêpur.

Gerb: Botên kenging.

Boet: Aja ngewuh-ewuhi lèhku arêp belani bojoku: sêmingkira lo, tak pancas cundrik lambemu: kasèp.

Gerb: E, la, botên ta, nèk cas cès niku.

Boet: Enggal minggata: bangsat.

Gerb: Enggal, inggih: enggal, bangsat.

Boet: He satriya, aku belakna pisan patine bojoku.

Pang: Dikapara maju tak untapake patimu.

--- 109 ---

Dèwi rasêksa mangsah sarwi narik patrêm, nirbita nirwikara lajêng kadhawahan jêmparing dening Radèn Timur, tigas murdanipun, sapêjahe dênawa kêkalih wontên swara kapyarsa sarta lajêng ngatingal sanginggiling tênggak.

He: Timur, wruhanira, ingsun jawata Sang Hyang Kumajaya sarta garwaningsun Dèwi Kumaratih, padha kêna upataning Sang Hyang Jagadnata, amarga nglangkahi wêwayangane, ingsun sinabdakake dadi rasêksa banjur tapabrata ana ing guwa miring, yayi dèwi iya sinabdakake dadi rasêksi, banjur manjanma dadi putrane Prabu Baratkatiga, ing mêngko wis ana pangapuraning dewa ingsun bisa kumpul, sarta banjur padha ruwat dening sira, marmane ingsun malês pitutur marang sira, kang sira upaya golèkana ana sadhasaring wukir Saribit, kalawan pitulunging dewa bokmênawa bisa nuli katêmu. Sakèndêling wasita Sang Hyang Kumajaya sarta Dèwi

--- 110 ---

Kumaratih lajêng musna, Radèn Timur kantun anggana.

Kocapa Radèn Timur, wontên asrêpe ing galih angsal pitêdahipun ing dewa anglajêngakên tindakipun kalihan panakawanipun kêkalih: nuju ing sukunipun rêdi Saribit, samargi-margi tansah wirandhungan, dumuginipun pasarean wanci tunggang gunung, pêksi sami mencok ing êpangipun kajêng kanigara arame rêbat papan badhe tilêm, ngocèh pating caruwèt angrêrujit galihipun Radèn Timur, kèndêling pêksi ngocèh srêngenge sêrap, papêtêng andhatêngi kados badhe angêlêm pasarean adamêl anglêsing galihipun Radèn Timur, orong-orong mungêl amêlingi amêwahi kuwuring galih dening kabrêbêgên, saya dalu araras, lintang-lintang mungup saking lêlamuking langit, pating krêlip ngujwala sumunar amadhangi pasarean, sawênèh cumlorot alihan, kados rêntahing sêsotya ingkang mawa praba, [pra...]

--- 111 ---

[...ba,] nuju tanggal kaping kalih dasa sampun dalu wêdaling sitarêsmi katingal mungup saking tanjêbing langit, taksih kaaling-alingan dening pangkêluking udaya, soroting sitarêsmi kados upaminipun saradibya sèwu rumujak, angênani aluning udaya sumyur kumracak pêcah anêmpuh parang karênan aningali isining wiyat, ical sêkêling galihipun Radèn Timur, dhasar panakawanipun kêkalih sampun sami tilêm asênggoran wontên ing talundhag gapuraning pasarean, saking kasayahên anggènipun lêlampah, Radèn Timur sagêd angêningakên cipta botên kuwur dening bekanipun panakawan kêkalih. Sèndhèn ing wit samboja sidhakêp saluku tunggal nutupi babahan nawa sanga, ngêningakên pôncadriya, pêjah salêbêting gêsang.

Kocapa Prabu Bajrapati ingkang akadhaton ing alam limunan ardi Saribit, suka ing galih dene [de...]

--- 112 ---

[...ne] kadugèn karsanipun, Radèn Timur lajêng kawalik tingalipun, luwaring samadi sampun katingal wontên salêbêting udyana endah wontên bale kambangipun, inggih punihapunika (dan di tempat lain). panggenanipun Dèwi Sumilir kados ingkang sampun kacariyos ing ngajêng, sang pangeran dingkik-dingkik lêbêtipun ing yasa kambang, bokbilih wontên tiyangipun ingkang têngga. Korining bale kambang katingal mênga sakêdhik, dhasar sabên-sabên bontênbotên. kakancing, karsanipun Dèwi Sumilir namung amurih isis, sang pangeran ngintip saking jawi awit katingal wontên dilahipun lilin kapasang ing pakakèn êmas, lajêng malêbêt kaling-alingan undhuking dilah ing kathil katingal wontên putrinipun ingkang sare, sang pangeran sagêd nguningani namung saking sajawining klambu, klambunipun ngangrangan pêthak karangkêpan ngangrangan ijêm, ing jawi kacancutakên cumathèl ing canthelan êmas mawi sirah pêksi jiwa-jiwa maripatipun mirah siyêm, laripun êmas [êma...]

--- 113 ---

[...s] rinaja wêrdi, ingkang sare katingal sumorot kuning sêmu ijêm rêmu-rêmu, sang pangeran eram salêbêting galih, pangunadikanipun, mokal ing jagad anaa loro putri kaya iki, liyane yayi Sumulir, kang tak erami ora êntèk-êntèk, mung olèhe jèblês rupane ora siwah karo yayi Sumilir, iba dhêmêne sing duwe bojo dene ana rupa kaya mêngkono, nanging yèn nonton wêwêging sarira isih wutuh ayam mokal yèn wisa winisik ing satriya, sang juwita alihan anggènipun sare kasêmêkan marucut têpinipun saking salêmpitaning lambung têngên kumlèwèr majêng ngatingalakên lêlêngkèhing ardi kêmbar, sang pangeran saya kuwur ing galih. Sang rêtna mirêng kalêsêding swara wungu saking sare nanging taksih rêm-rêm ayam, sumêrêp wontên satriya bagus nyamar wontên ing undhuking dilah, kinintên manawi pandung aguna

--- 114 ---

badhe mara sandi, sang rêtna prayitna ngunus patrêmipun, ciptanipun samangsa pandung aguna kumlawe miyak kalambu pasarean, amêsthi dipun patrêm dhadhanipun, awit sang putri sampun pratignya botên sagêd tumingal satriya bagus liyanipun ingkang raka Radèn Timur, salêbêting galih eram ningali bagusipun sang nyamar lampah, saya eram malih ningalli pasang rakite anggènipun jèblês kalihan ingkang raka Radèn Timur, saya dipun waspaosakên dangu-dangu botên samar têtela yen ingkang raka sang pangeran, jlog saking pasarean botên tolih wudharing kasêmêkan lajêng ngrangkul dhatêng ingkang raka sarwi anjêrit alara-lara karuna, salêbêtipun sêsambat sarwi ambênakakên kasêmêkan. Sang pangeran sawêg sumêrêp yèn ingkang ngrangkul sariranipun tanpa warana rimbag kriya wantah ingkang rayi piyambak Dewi Sumilir ingkang dados têlênging galih, dipun upadosi anjajah

--- 115 ---

dhusun milangkori. Enggal gêntos dipun rangkul sarta tumut ambênakakên wudharing kasêmêkan (dana bau) ingkang rayi dipun muwuni,wuwuni. dangu namung tansah tangis-tinangisan, sirêping tangis amêngakakên lawang suka, ingkang rayi tansah ingarasan sarwi sinilakakên sêsinomipun ingkang sami rêbah ing pasuryan, pangandikanipun: yayi atiku apa wis ana ing kowe.

Ngaping kalih damêl kakang mas sampeyan punika, kala taksih wontên ing kadhaton kula sampun anyênyadhang sih, ananging sampeyan ingkang kasangêtan, botên wontên antawisipun pisan-pisan bilih karsa angrêntahakên piwêlas.

Iya yayi aku sing luput saking lagi kasêngsêm marang kawruh kasampurnan, ora luwih mung apuranira bae yayi, saiki aku sumanggêm nampani dêduka jurên ana ing pasarean.

--- 116 ---

Kakang mas, kula sampun marêm ningali sarira sampeyan, sarta bilih kakang mas asih dhatêng kula, mugi dipun sabar ing galih, kakang mas mugi angèngêtana bilih kêkudanganipun rama ibu saha kangjêng uwa kakung putri kula pinacang jinatukrama kalihan sampeyan badhe binayangkarya sarta kinarirêngga wontên ing Purantara, wusana glèthèk pêthèlipun mung ijen-ijenan wontên ing kêbon, punika sangêt ing panuwun kula.

Kêbona kae rak dudu sok kêbona, isih kêboning narpati.

Sanadyan makatêna punapa bedanipun kalihan jina.

Kanggêg galihipun sang pangeran acipta salêbêting galih lêrêp aturipun ingkang rayi, pangandikanipun, iya yayi aku mung nurut sarta sumarah ing sakarêpmu bae, nanging wong iki isih wêngi bok ya padha turu ana ing pasareanmu.

--- 117 ---

sumôngga kula aturi sare piyambak, kula têngga wontên ngriki kemawon.

Turnèh bliyut tunggu wong turu.

Botên.

Ora ta: bêcik awor turu ana kathil, dilêt-lêti guling sing dhuwur.

Yèn jugrug.

Dibênakake.

Bônggan prawan tilêm jogan: kangkang mas.

Apa kowe turu ana ing jogan, wong turu kasur kok, seje ilab wah aling-alingan guling.

Gawok-gawok nun, kula aturi sare piyambak, kula sampun tuwuk tilêm.

Sang pangeran botên karsa sare piyambak, andumugèkakên ginêman kaliyan ingkang rayi prakawis rèmèh-rèmèh sinambi gêgujêngan, sarta sampun marêm [marê...]

--- 118 ---

[...m] aningali manising wadana. Seje catur yayi sing pêrlu kudu tak sumurupi durung tak takokake.

Punapa.

Gonmu ana ing kene nêmu kamulyan gêdhe angênggoni suyasa endah kang ora kêna minurwat ajine, lan nalikane kowe ginawa ing buta kae biyèn, iku kapriye lêlakone.

Suyasa punika kagunganipun eyang ijêngandika canggah Prabu Bajrapati ingkang sampun murud ing kalanggêngan. Mranyanyang lajêng akadhaton wontên ing ngriki, witne kadhatonipun sarwa rêtna, kados kadhaton ing kaendran, dene ingkang ambêkta kula kala samantên punika dede dênawa, inggih eyang Prabu Bajrapati, kula lajêng kadunungakên wontên ing ngriki punika, dene kangjêng eyang sabên dintên rawuh kaping kalih enjing sontên, namung pêrlu anuwèni dhumatêng [dhuma...]

--- 119 ---

[...têng] kula. Mangke sakêdhap eyang kados rawuh mriki. dèrèng dumugi anggènipun ngraosi: Prabu Bajrapati katingal rawuh, ingkang wayah kakung putri lajêng sami mêthuk angurmati ing rawuhipun, tundhuk wontên ing palataran lajêng sami andhodhog ngapurancang, radèn putra rinangkul lungayanipun dhatêng ingkang eyang, sarwi dipun arasi êmbunipun, sarta dipun kudang-kudang kados taksih timur, tumuntên amriksani ingkang wayah kalih-kalihipun katingal taksih sami wêtah, anglênggahi kautaman putraning ratu saha andadosakên êntyarsaning galihipun, lajêng angandika mas putu ing saiki sira sakarone wis pinarêngake dening dewa kang linuwih, kang angèl dadi gampang, adoh dadi cêdhak, tinêmu kang sira upaya, ing mêngko sira wus padha diwasa nêdhêng-nêdhênge nambut silaning akrama, lan manèh rama ibunira sakarone, padha nandhang sukawasungkawa. saka lunganira, mulane saiki [sa...]

--- 120 ---

[...iki] sira sakarone ingsun ulihake marang Marutamanda.

Kawula nuwun eyang pêpundhèn kawula, kawula namung andhèrèk sakarsa paduka.

Wis sira padha mêrêma supaya ora singunên, ingsun gawa mêtu gêgana.

Rajaputra rajaputri sami mêrêm angèstokakên dhawuhipun ingkang eyang, sami sanalika sariranipun kraos kacangking ibêripun ingkang eyang, namung sakêdhap netra sampun karaos sumèlèh byar katingal wontên salêbêting kadhaton Marutamanda sarta ingkang eyang sampun botên katingal, ing kadhaton otêr gumuruh loking cèthi parêkan yèn rajaputra rajaputri rawuh ing kadhaton tanpa sangkan, sang prabu Pracondha nuju katamuan ingkang raka Sang Prabu Sindhung Aliwawar: sakalihan, mirêmbag bab ing kesahipun rajaputra rajaputri, mirêng loking cèthi [cè...]

--- 121 ---

[...thi] parêkan yèn ingkang putra sakalihan dhatêng wontên ing kadhaton tanpa sangkan, sang prabu sakalihan gurawalan kalihan ingkang rayi sang pramèswari sakalihan, sami rawuh ing kadhaton, yèktos yèn ingkang putra sakalihan sami wontên ing ngriku, enggal sami rinangkul dening rama ibunipun piyambak-piyambak, sarta sami dipun muwuni,wuwuni. dangu pangunjaraning galih botên mawi andangu sakêcap namung tansah dipun muwuni,wuwuni. wusana sarèh lajêng sami satata lênggah, Sang Prabu Sindhung Aliwawar andangu dhatêng ingkang putra Radèn Timur, kaaturan gancaripun ngantos titi, lajêng andangu ingkang putra Dèwi Sumilir, ugi kaaturan gancaripun ngantos titi, ingkang rama Sang Prabu Pracondha sarta sang pramèswari sakalihan, punapadene para cèthi parêkan, amirêngakên aturipun rajaputra rajaputri sami malêngak, amung Sang Prabu Sindhung Aliwawar ingkang botên patos eram, sarta

--- 122 ---

malah cariyos lêlampahaning sariranipun kala nênêpi dhatêng pasarean Saribit. Yèn sampun kapanggih kalihan ingkang eyang Prabu Bajrapati, nanging kadhatonipun botên kaparingan sumêrêp, taksih têrang rajaputra rajaputri.

Sami sanalika puniha Sang Prabu Pracondha lajêng paring uninga dhatêng kyai patih ing bab kapanggihipun ingkang putra kakung putri sarta adhêdhawuh kinèn samêkta pamiwahaning putra lajêng badhe kadhaupakên tumuntên mawi pakurmatan agêng, sarta mawi sêsuruhan angatur-aturi para ratu ing amôncapraja, punapadene kinèn nimbali para wadyabala ingkang sami ingutus lêlayu ing musnanipun ingkang putra tuwin kinèn nimbali pun Grubug tuwin pun Grêbêg ingkang sami kantun wontên ing rêdi Saribit, sadaya dhawuh timbalanipun sang prabu sampun kalampahan.

Cinêndhak sang rajaputra sang rajaputri sampun kalampahan [kala...]

--- 123 ---

[...mpahan] dhaup, bawahanipun sakalangkung agêng, makajanganipun wontên ing alun-alun ngantos kawan dasa dintên para wadyabala sami amangun suka awijah-wijah.

Sang rajaputra sang rajaputri rukun anggènipun palakrama, adamêl êntyarsaning galihipun ingkang rama sang prabu sarta ingkang ibu sang pramèswari. Andungkap sataun Sang Prabu Pracondha kêkah ing karsa badhe sumalahsumilih. dhatêng ingkang putra mantu, pinambêng dening ingkang raka Sang Prabu Sindhung Aliwawar: botên kenging, namung kapingin badhe mawiku marêm aningali kawibanipunkawibawanipun. ingkang putra kemawon.

Ugi sampun kalampahan Radèn Timur jumênêng ratu, ajêjuluk Sang Prabu Timur kaèstrènan para ratu agêng-agêng ing Ngatasangin sarta para ratu karerehanipun, suyud ingkang wadyabala, misuwur asmanipun sang prabu adil paramarta, agêng ganjaranipun [ganjaranipu...]

--- 124 ---

[...n] dhatêng kawula alit, botên towang anguningani prakawis ingkang andadosakên raharjaning praja, sabên wolung dintên sapisan têdhak ing pahêmanipun para brahmana angrêmbag pêpakêming praja sarta sajarahing para lêluhur ing jaman kina punapadene angungsêd sèlèhing têmbung sarta wêwadining tulis.

Kyai Patih Tanggulangin sakalangkung pirêna ing galih anguningani gustinipun sang prabu taruna sampun widagda ulah kridhaning praja, sampun tanpa winaonan, ing galih sampun tega tilar kuwajiban agêng wau punika, ing wanci dalu lajêng malêbêt ing kadhaton, sowan ing ngarsanipun sang prabu.

Sang prabu nuju lênggah ing panêpèn sawêg anggalih sastra wedha kalihan brahmana kêkalih ingkang dados galihipun sang prabu, kagèt dhatêngipun kyai patih, anyana wontên damêl, brahmana kêkalih sampun tinundhung mêdal, kyai patih kadhawahan majêng sarta

--- 125 ---

kadangu pêrlunipun sowan, kyai patih matur, gusti: misuwuring asma paduka sae dados pangalêmaning kathah, dhasar mumpuni ing kawignyan, sampurna ulah praja, matêng ing dugi prayogi, sagêd dhatêng êmpan papan nuwuhakên manah kawula tega dhatêng ing panjênêngan paduka. Gusti: sarèhning kawula sampun sêpuh kawula nyuwun kèndêl badhe andhèrèk nyênyèkèl dhumatêng rama tuwan sang raja pandhita ing dhepok Sadhaka.

Dangu sang prabu botên paring pangandika wangsulan, galihipun sang prabu kados coplok rêntah dhawah ing siti, pangunandikaning galih: pira-pira potange wa patih marang praja Marutamanda, saiki wis katon tuwa, aku wajib malês kang angalèbi saka kabêcikane. Sang prabu mênawi pêpanggihan piyambak kalihan kyai patih katêlah taksih krama, lajêng ngandika:

Wa andadosakên kagèt sarta pangunguning galih

--- 126 ---

kula anggène pun uwa darbe atur nyuwun kèndêl, sintên ingkang badhe kula tantun-tantuni mênawi wontên prakawis pêrlu ingkang ngantos adamêl kawêkèning panggalih kula.

Gusti: kawula badhe botên anegakakên dhumatêng panjênêngan paduka ing samôngsa-mangsanipun kapundhutan pirêmbak, saèstu badhe kawula dhanganakên.

Anake pun uwa punika pintên.

Namung kêkalih gusti, ingkang sêpuh èstri kawula emah-emahakên angsal bupati tamping, ingkang nèm jalêr: pun Samirana kaganjar rama tuwan Sang Prabu Pracondha kadadosakên mantri anèm lêbêt, mawi andangu anak gusti.

Kula ragi katambêtan, dhatêng sanèse pun Samirana, kajawi makatên: kajêng kula sarèhning anake pun uwa jalêr namung pun Samirana, punika badhe

--- 127 ---

kula angkat dados warôngka kula anggêntosi uwa patih.

Gusti: pun Samirana taksih tuna ing budi, mênawi adamêl kaduwungipun panggalih paduka.

Kajêngipun uwa, sami tuntun-tuntunan kalihan kula, kalih dene malih têdhane pun uwa siti ingkang saprapat, kula bêktakakên dados sêsangune pun uwa andhèrèk kangjêng rama.

Nuwun, gusti, kawula kaparingan kucah têdha. Kyai patih sampun kalilan mundur.

Ing dintên sênèn kadhawuhan sowan pêpak, botên wontên ingkang sami anggraita ingkang badhe dados karsanipun sang prabu. Sarêng kadhawuhakên kèndêlipun kyai patih orêg tiyang sapanangkilan, ananging lajêng sirêp sami sanalika sarêng kadhawuhakên ingkang sumilih dados warôngka ingkang putra piyambak Ngabèi Samirana sarta kaganjar nama Radèn Apatih Samirana, [Sa...]

--- 128 ---

[...mirana,] punapadene kyai patih wrêdha kaparingan têdha saprapating lênggahipun lami, têtiyang sapasewakan sami suka sukur bingahing manah angluhurakên asmanipun sang prabu.

Sang Prabu Timur lulus mukti wibawa, jumênêng nata binathara taksih tinêngga aing. rama ibu, ing sabên-sabên mangun bujana wiwaha ingkang rama ibu sami kaaturan têdhak anjênêngi, kyai patih wrêdha andhèrèk, botên têlas yèn kacariyosna kawibawanipun Sang Prabu Timur.

Kacariyos Sang Prabu Timur sampun kagungan putra kêkalih pambajêng miyos putri botên kalih kalihan ingkang ibu Dèwi Sumilir, kaparingan nama dhatêng ingkang eyang Prabu Sindhung Aliwawar: Dèwi Bantarangin, ingkang rayi miyos kakung kaparingan nama dhatêng ingkaingkang. eyang Prabu Pracondha: Radèn Prakêmpa, Sang Prabu Timur lajêng kandhêg botên kagung-kagungan putra malih, kacariyos [ka...]

--- 129 ---

[...cariyos] Dèwi Bantarangin kados lare kajiman, limpad ing panggraita, kalêbêtakên ing pawiyatan agêng pinrêtêk ing piwulang warni-warni, gurunipun tigang dasa nêm, botên namung kawruh ing wanodya andondomi, nyulam, nênun, nyongkèt, ngalualam, dalasan kawruh ulah praja, ulah prang, anganggit-anggit putus sadaya, nanging ingkang rayi Radèn Prakêmpa botên makatên, nampik dhatêng sadaya piwulang malah ing batos amaoni, ciptanipun salêbêting galih: aku ora dhêmên ginadhang anggêntèni rama prabu, cikbèn bok ayu Bantarangin bae sing anggêntèni pamikirku: wong sugih dhuwit iku pangwasane ana sadhuwuring ratu, mulane aku bakal ngawula ing dhuwitku bae, supaya pangwasaku luwih saka rama prabu, ratu tansah susah anggalih wêtuning balanjane kang didhahar ing sabên taun, sarta balanjane ingkang para abdi, luwih susah manèh yèn mêtokake wragading [wraga...]

--- 130 ---

[...ding] prang, prasasat dhuwit disêbar ing laut, beda bangêt karo wong among dagang marentah wong mung sacukupe, dadi ing sakarêpe, kabèh uwong prasasat kêna pinarentah, jajah mênyang êndi-êndi ora ana sing malangi, cêkake kêna ingaranan dununging kamuktèn iku mung ana kapila.

Kacariyos Sang Pangeran Prakêmpa tansah anglirwakakên pasowanan, karêmênipun kesah andon numpang para juragan ingkang sami dagang layar, sang pangeran sampurna dhatêng lampah among dagang, sarta sampun nate ngayoni anglampahakên kagunganipun baita piyambak dagang dhatêng tanah Indhu kathah kauntunganipun, punika saya majêngakên karsanipun sang pangeran, kasugihanipun sang pangeran saya andêdêl, gêdhongipun arta kêbak, dhasar pambêkanipun lumuh pêparing, dalasan ingkang dipun dhahar sadintênipun dipun cuki, sangêt nguciwani, botên mungguh ing atasipun [ata...]

--- 131 ---

[...sipun] putraning ratu ingkang ginadhang raja, malah para abdinipun kathah ingkang dipun suwak, namung ngagêm sapêrlunipun kemawon.

Ingkang rama Sang Prabu Timur rumaos angsal pamêlèhing dewa dene pêputra kakung kagungan pambêkan ingkang sakalangkung nistha, sadaya dhawuhipun sang prabu ingkang amurih andadosakên karaharjan: botên dipun gêga, kapambêngan anggènipun karsa among dagang: botên kenging, malah asring kawêdal kamipurunipun amaoni karsanipun ingkang rama sarta kawêdal botên kapengin ginadhang binadhe raja, namung badhe alêlayaran, sang prabu rumaos kawêkèn amituturi, lajêng kapasrahakên dhumatêng ingkang rama sang raja pandhita sakalihan.

Ingkang eyang Prabu Sindhung Aliwawar sarta ingkang eyang Prabu Pracondha sabên-sabên rawuh ing kadipatèn, mituturi dhatêng ingkang wayah amantunana lampah

--- 132 ---

among dagang, kaawitawit. punika nisthaning satriya, nanging sadaya pangandikanipun botên dipun gêga, malah saya sêngkut pangupadosipun barang dagangan ingkang kinintên pajêng wontên ing nagari sanès. Ingkang eyang sami mutung botên karsa rawuh-rawuh malih dhatêng ing kadipatèn. Kandhêg samantên cariyosipun nagari Marutamanda.

Kacariyos ing nagari Pôncaruka laladanipun nagari Marutamanda wontên juragan sugih anama Kyai Bayubajra, misuwur kautamanipun, rêmên adêdana dhatêng pêkir mêskin, kathah pitulunganipun dhatêng sêsami-sami, supêkêt dhatêng pangagênging nagari, kontap ing namanipun kyai sudagar kalok dhatêng liyan praja. Kyai juragan sampun wanci sêpuh dèrèng gadhah anak, kacipta badhe curês turunipun, ing wanci bakda sêmbahyang ngisa apirêmbagan kalihan semahipun, têmbungipun:

--- 133 ---

Bokne: kêpriye kang dadi pamikirmu ing bab ênggonku salaki rabi karo kowe kaya wis tita ora bisa patutan, môngka kasugihaku saya katon andêdêl, sabarang sing tak karêpake dadi, sing tak cipta katêkan, apa iki panglulu, saka ing têmbe saora anaku bakal mawut kadarbe ing sanak sadulur akèh kang ora milu nglakoni panas pêrihe.

Kula ngatên bapakne: wong wadon, sakarsa sampeyan dados, sampeyan bucala enjing sontên botên ontên sing mambêngi, dhasar kula ênggih êmpun rumaos awon, botên sagêd anak-anak.

Mêngko ta: mêngko, aku iki caturan, ora arêp padu, karo dhèk kapan aku tau rêrasan arêp rabi, cilike wis tau ngiwa, kajaba dudu karêpku, aku wêdi dhêndhaning Allah kalakuanaku

--- 134 ---

kang mangkono iku apa ora wis anelakake yèn aku asih trêsna marang kowe.

Ênggih sokur nèk mêkotên, sadasa-dasa kêpripun tiyang êmpun dados bêjane tiyang kêkalih, kêjawi mung dilampahi.

Ora mêngkono bokne, manungsa wajib istiyar, karêpku: ayo padha nglakoni cêcêgah, aku arêp ngrapa, kowe nyirika iwak ambêkan, sarta cêgah sahuwat ing dalêm satus dina.

Ênggih: ta, kula wau dhèrèk-dhèrèk mawon, satauna rong tauna kula botên manah sing mêkotên niku. Benjing Anggara Kasih mawon wiwite, sakniki Slasa Pon, ngajêng niki Slasa Kliwon (= Anggara Kasih) dados kirang wolung dintên.

Sampun kalampahan kyai juragan sarta semahipun sami asêsirih, sarêng sampun pikantuk 100 dintên, wanci lingsir dalu rêmbulan sampun ngayom,

--- 135 ---

kyai juragan kêkadhar wontên ing latar, tilêm saliyêpan supêna dipun panggihi tiyang kaki-kaki sarta wicantên:

Kirik kirik, yèn kowe kapingin arêp duwe anak, galo bayi wadon dibuwang ana ing jaratan kae jupukên, iku turasing ratu patutan karo sadhèrèke dhewe, sarèhning kang mangkono iku laku nistha murih sirnaning pocapan ala, mulane jabang bayi iku binuwang: isih sakêmbing-êmbinge, banjur opènana, bojomu konên borehan nganggo gêtihing bayi iku, ora lawas bojomu amêsthi ngandhêg.

Kyai juragan kagèt anggènipun tilêm tangi guragapan, èngêt bilih supêna, lajêng anggugah semahipun panuju tilêm wontên ing trêtêpan, dipun cariyosi ing bab impènipun wau punika, ingkang èstri gawok mirêngakên, awit piyambakipun [piyambakipu...]

--- 136 ---

[...n] inggih supêna makatên ugi, sarta inggih lajêng criyos dhatêng kyai juragan, tiyang kêkalih golong ing pamikir badhe nyatakakên supênanipun, lajêng sami dhatêng ing jaratan tiyang kêkalih, sayêktos manggih bayi kados ingkang kasupêna wau, bayi lajêng kabêkta mantuk kaupakara kados salimrahipun, nyai juragan lajêng adus wuwung angèstokakên wêlingipun kaki sêpuh, bayi dipun sêsêpi piyambak, mêdal toyanipun susu, dumlundung kalis ing sêsakit, sarêng sampun ngumur salapan, nyai juragan lajêng angidham-idham kaworan, kyai juragan botên kenging winiraos ing bingahipun, dene manggih anak, semahipun ngandhêg, anakipun pupon dipun namakakên Rara Pôncawati sarêng sampun ngumur sadasa wulan, nyai juragan gadhah anak mêdal jalêr bagus warninipun, dipun namakakên Bagus Pôncawora, dintên punika kyai juragan amêngakakên lawang suka, [su...]

--- 137 ---

[...ka,] adana driyah dhatêng pêkir mêskin, sidêkah botên wontên pêdhotipun, lulus botên wontên sangsayanipun, lare kêkalih rukun anggènipun saduluran sarta botên sumêrêp bilih dede sadhèrèkipun, kyai juragan nyai juragan trêsnanipun dhatêng Rara Pôncawati botên sanès kalihan trêsnanipun dhatêng anakipun piyambak Bagus Pôncawora, awit kajawi trêsna saking ngêmong alit mila inggih tansah kèngêtan jalaranipun sagêd gadhah anak saking Rara Pôncawati, sarêng sampun agêng dipun pêndhêtakên guru, kathah bayaranipun, lare kêkalih landhêp-landhêp manahipun, samukawis ingkang kawulangakên dening guru: sagêd nampèni, kathah kasagêdanaipun, sarta limpad panggraitanipun, sarêng sampun diwasa: anakipun piyambak Bagus Pôncawora dipun emah-emahakên ngantos rambah kaping pitu bojonipun tansah pêjah-pêjah kemawon dene [de...]

--- 138 ---

[...ne] Rara Pôncawati dipun tantun badhe dipun emah-emahakên botên purun, sêdyanipun wahdat tanpa laki mila dipun langkahi adhinipun ngantos rambah kaping pitu, kyai juragan susah ing manah bab panase anakipun jalêr ngantos dados têtampikanipun têtiyang sanagari: anakipun èstri botên purun laki.

Kyai juragan sarta nyai juragan sampun sami sêpuh, sanadyan kasugihanipun botên kenging winiraos, nanging mênawi ngèngêt-èngêt dhatêng anakipun botên pajêng rabi, lajêng ngandhung susah wusana kyai juragan ngênês kacandhak ing sakit lajêng ajal, botên gantalan wulan nyai juragan nututi ajal, lare kêkalih sami lola botên gadhah bapa biyung, sarta sami kapêksa nindakakên padamêlaning têtiyang sêpuhipun, Bagus Pôncawora sampun sinêbut nama juragan agêng taksih neneman, pamit dhatêng

--- 139 ---

bakyunipun Rara Pôncawati badhe kesah layaran angurusakên prakawise bapakipun ingkang wontên para juragan ing nagari sanès, Rara Pôncawati dipun bêbahi nata prakawising griya, kalampahan juragan neneman kesah, wontên ing saba paran dangu angurusakên prakawis, antawis satêngah taun wontên kabar mantuk.

Ing palabuhan nagari Pôncaruka sakalangkung agêng, pintên-pintên baita dagang ingkang labuh jangkar ing palabuhan, tiyanging baita katingal angrangap kados wit-witan angarang, baita ingkang abêbanjêngan ingkang minôngka pulonipun, abyoring dilahing baita tanpa wicalan pindha lintang alihan pating calorot.

Para juragan jibêg wontên têpining palabuhan, angêntosi dhatêngipun juragan neneman, ingkang dados gêgêntos dados ulu-uluning para juragan wau, [wa...]

--- 140 ---

[...u,] botên antawis dangu katingal wontên sakoci nuju dhatêng ing dharatan, inggih punika ingkang dipun tumpaki juragan neneman, inggih ingkang dipun êntosi dening para juragan wau, sarêng sampun cêlak sami surak-surak ngaturi panêmbrama ing dhatêngipun, juragan neneman ataklim sarta suka panarimah dhatêng para juragan ingkang sami mêthuk wau lajêng sami lumampah asêsarêngan, nanging juragan neneman sêmu suntrut, katingal prihatos sangêt, botên mawi wicantên sakêcap ngantos dumugining griyanipun, mila para juragan botên anglajêngakên ginêman pitakèn bab pêrlunipun, sarêngan lajêng sami mantuk, sanès dintên kemawon kaangkah badhe têtuwi pitakèn warti ing bab padamêlan among dagang sarta mitakèkakên pêrlunipun wau punika.

Juragan neneman wau sae lêlabuhanipun, kados jênate tiyang sêpuhipun Kyai Juragan Bayubajra, [Bayu...]

--- 141 ---

[...bajra,] mila inggih enggal misuwur ing kautamanipun, saking rêmên adêdana kêncêng dhatêng ing agami, anglampahi sêmbayang gangsal wêgdal botên nate towong, sanadyan wontên ing saba paran ing saênggèn-ênggèn sabên wanci wêkdal inggih sêmbayang, sarèhning kyai juragan dados cacadan ing bab panasipun, amargi sampun semah kaping pitu, rabinipun tansah pêjah-pêjah kemawon, mila lajêng dados têtampikanipun tiyang sae.

Antukipun kyai juragan dhapur angêndhong susah kèpi wontên salêtingsalêbêting. tilêm, kadhatêngan tiyang kaki-kaki awêwarah, têmbungipun: Pôncawora kowe nuli muliha, awit towekowe. arêp tinêkakake ing janji, aja kongsi kalakon mati ana ing saba paran, nanging ana iparateisarate. yèn kowe bisa nglakoni somah olèh bok ayumu dhewe Rara Pôncawati iku kowe bakal ora tinêkakake [ti...]

--- 142 ---

[...nêkakake] ing janji malah bisa anak-anak lanang lan wadon padha wicaksana. Kyai sudagar rumaose sadhèrèkipun inggih namung satunggal Rara Pôncawati punika dados nama gêdhana gêdhini, sampun sami lola tinilar ing bapa biyung, botên sumêrêp mênawi sadhèrèk pupon.

Sumôngga mugi kagaliha ribêding manahipun juragan neneman, badhe pados ucap awon punapa yèn kalampahan asemah kalihan bok ayunipun piyambak, wah sampun misuwur yèn awakipun dados têtampikanipun tiyang kathah, dados anggènipun ngrabi sadhèrèk wau saking sampun kabêtah botên pajêng rabi, kajawi ingkang makatên sangêt pakèwêd utawi rumaos botên sagêd mêdal ngucap nantun ngrabi dhatêng sadhèrèk, makatên malih susah anggènipun taksih ênèm sugih rajabrana saupami saèstu tinêkakakên ing janji, sintên ingkang

--- 143 ---

badhe anggadhahi kasugihanipun ingkang botên kenging winical, pêpuntoning manahipun namung badhe pratela sawantahipun dhatêng Rara Pôncawati, ing wanci sontên bakda sêmbayang ngisa Rara Pôncawati dipun undang, Rara Pôncawati dhatêng inggih botên mawi rêringa inggih kados adat sabên, juragan neneman kèndêl botên sagêd wicantên, ulonipun kados dipun kancing, ngantos dipun têrang dhatêng Rara Pôncawati, têmbungipun:

Anu apa dhi aku kok undang, apa arêp mangan, sudhiyane: uwis.

Juragan neneman sêrêt wangsulanipun, Ora arêp madhang, arêp kôndha impènku dhèk ana ing prau.

Impèn apa.

Kyai juragan lajêng apratela bilih ing bab wau punika, dèrèng ngantos dumugi Rara Pôncawati ngadêg sarta lara-lara anangis mawi ngundhat-undhat angundhamana [a...]

--- 144 ---

[...ngundhamana] ing bab awoning tindak ingkang angêrês-êrêsi punika, saking botên pajêng rabi lajêng ambêbujuk dhatêng sadhèrèk piyambak.

Juragan neneman botên pisan sakit ing manah awit sampun lêrês kemawon samantên nêpsune bok ayunipun, sarta botên pisan gadhah cipta yèn badhe roda paripêksa agêngipun nyênggara macan, têbih ingkang makatên, juragan neneman namung narimah ing takdir wisesaning Pangeran ingkang Maha Agung. Wiwit ing dintên punika Rara Pôncawati botên purun kêpanggih kalihan adhinipun sarta lajêng kèndêlan, juragan neneman inggih lajêng lumuh pêpanggihan lalihankalihan. Rara Pôncawati sarta ing batos sampun anyandèkakên badhe botên mituruti wangsit ingkang kèpi salêbêting tilêm, para rencangipun kyai juragan jalêr èstri botên wontên sumêrêp sababipun anggène lurahipun jalêr èstri kèndêlan, [kèndê...]

--- 145 ---

[...lan,] namung dipun nyana sulaya utawi padudon ing rêmbag kemawon.

Sarêng andungkap tigang wulan, sudagar neneman nandhang sakit sarta lajêng sangêt kemawon, madal sawarnining jêjampi, Rara Pôncawati botên kêkirangan pangopènipun, nanging namung dipun pitadosakên dhatêng ingkang para rencang kemawon, saking mêtêking sakit juragan neneman ngantos botên èngêt dipun pêtiki dhatêng para rencangipun, Rara Pôncawati kagèt mirêng pêpêtik wau enggal lumêbêt ing griya sumêrêp adhinipun sampun apindha layon, lajêng dipun rungkêbi sarta dipun tangisi sarwi asêsambat: dhi, aja mati, sing tak ngèngèri sapa, salêbêtipun juragan neneman dipun rukêbi,rungkêbi. bok ayunipun, pulih pramananipun, kêkêtêkipun wangsul, sumêrêp dipun tangisi dhatêng Rara Pôncawati rencang lajêng dipun kèn sami sumingkir, juragan neneman wicantên:

--- 146 ---

Bok ayu ayake iki wahanane wangsiting kèpi sajroning turu kang wis tak kandhakake marang kowe biyèn kae, dadi yèn kandhaku mau kotampani ngomandaka: ora wurung aku bakal tumêka ing pati. Wangsulanipun Rara Pôncawati sarwi anangis, kêpriye dhi yèn kowe mati: aku ora bisa kari, puluh-puluh kêpriye dhi iya tak turut karêpmu iku anggêre kowe ora mati, nanging yèn nganti kawruhan wong kene aku ora kêlar nyôngga wirange.

Mêngkono bae bok ayu kowe tak jak andon among dagang, barang-barangku tak dolane kabèh, sarta aku bakal ora bali mulih mrene.

Iya dhi sakarêpmu anggêre bisa nasabi marang laku nistha iku.

Wiwit ing dintên wau sudagar neneman lajêng wiwit saras [sa...]

--- 147 ---

[...ras] sakitipun, sarta sampun nunggil manah kalihan Rara Pôncawati.

Sasampunipun sudagar neneman mranata bab panyadening griya saisinipun, sarta pasitèn badhe bidhalipun among dagang namung piyambak, botên suka dipun nunuti dhatêng para mitranipun sêsamining juragan, punika adamêl eraming manahe para mitranipun wau, nanging botên sagêd andungkap punapa ingkang dados wadinipun.

Juragan neneman kalihan Rara Pôncawati, bidhal saking nagari Pôncaruka lajêng numpak baita ambabar layar dhatêng ing nagari Ngindhu, amargi saking kasugihan sarta bèrbudinipun juragan neneman, wontên ing Ngindhu dèrèng dangu lajêng misuwur juragan neneman utami.

Juragan neneman anindakakên padamêlanipun kalayan kawasisaning budi padhang, dêdaganganipun enggal [eng...]

--- 148 ---

[...gal] pajêng sarta dados pangalêman ing sae sarta mirahipun, juragan neneman lajêng tumbas pasitèn sacêlaking muara, ing ngriku dipun adani kadamêl griya, mênggah pasitèn punika wontên ing lêlêngkèhing rêdi tambênging sagantên, anêngênakên bênawi agêng ingkang anjog ing muara, angiwakakên pasabinan ingkang koncoran toya saking rêdi, kenging binasakakên kiwa adhakan, amargi saking baweraning papan pantês dadosa karatoning Raja Ngindhu.

Juragan neneman adamêl griya papak wangun pasagi, korinipun sawidak, ing têngah kagodhag margi angin mawi torong pindha angaping naga dhawah ing usus-usus sagêd angisisi gêdhong-gêdhong saubênging griya, jarambahipun sela cêndhani kuning marginipun dhatêng kamar kalemekan babut sulaman wêdalan ing Kusta dilahipun lilin kromprol, pakakènipun [paka...]

--- 149 ---

[...kènipun] pêthakan pêlikan sinilih asih êmas, têngahing griya ingkang kagodhag mubêng kadamêl patamanan, sela curi rinakit pindha kêkarang, kadhapur gumuk, lambunging gumuk punika mêdal toyanipun saking urung-urung tosan pêndhêtan saking rêdi, gumuk karang punika katanêman simbar sarta lumut ingkang gêsangipun tumèmplèk wontên ing sela, udaling toya manginggil malêngkung saasta kêpyuripun maradini tanêman ingkang wontên caluwêkaning gumuk karang, rêrêmbêsanipun ngalêmpak kumriwik anjog ing balumbang ngêsong dhatêng sukuning gumuk karang kathah minanipun pating sliri mlêbêt mêdal ing êrong adamêl lam-laming paningal, têmbusanipun anjog ing têlih toya alirap-lirap lubèr kumruwuk mili turut taritising gêdhong papak saubêngipun, kangge asah-asah barang rêgêd ingkang mêntas kangge. Padusanipun adhapur lojèn pasagi wontên ing pojok amrêgil,

--- 150 ---

kayoman dening sêkar kalak kawak, apêpulêtan pindha balongsonging griya pasiraman, tangèh mênawi kacariyosna rêrêngganing griyanipun juragan neneman.

Kacariyos kyai juragan sampun asêsuta mêdal dhampit jalu wanita sami sampurna ing warni botên mambêt sutaning sudagar, saparipolahipun angiribi putra putrining ratu, bokmênawi kabêkta saking ibu, sinung aran Jaka Erawana Rara Erawati dumlundung kalis ing sêsakit, lare kêkalih pinrêtêg ing piwulang, kathah guru-gurunipun ngiras pamong agêng balanjanipun, awit kyai sudagar bèrbudi botên ngowêl wêdaling arta dhatêng wragading wêka, anak kêkalih sami bangun turut tansah adamêl ascaryaning manahipun kyai juragan, lare kêkalih sampun sami diwasa sagêd nyulihi pandamêlaning bapa biyung, angêrèhakên tiyang têtumbasan jalêr èstri pinatah

--- 151 ---

nyambut damêl wontên ing griya.

Gêntos kacariyos ing nagari Marutamanda, panjênênganipun Prabu Timur sampun botên sagêd anyabarakên lami-lami malih amaringi inah dhatêng wangkoting galihipun ingkang putra Pangeran Adipati Prakêmpa anggènipun tansah among dagang botên kenging pinambêngan, anglirwakakên pangêmbating prakawis ingkang katindakakên wontên pangadilan kadipatèn ingkang sampun dados wajib tuwin gêgêbênganipun, namung pinitadosakên dhatêng santananipun sang prabu, sarta anggènipun sampun botên nate sowan ing ngarsanipun sang nata, tinimbalan tansah nyuwun pamit, kados gila dhatêng ingkang rama. Sang prabu kêdah nêtêpi wajibing ratu sanadyan putra bilih sampun botên kenging kadamêl sae inggih kêdah kaplaksana punapa lêrêsipun, ing ari Soma sang prabu miyos tinangkil, katingal angêmu duka kumukus netyanipun, [ne...]

--- 152 ---

[...tyanipun,] ringas pasuryanipun, garap ingkang pangandika para nayaka andhèr wontên ngarsa konjêm amarikêlu, kyai patih lênggahipun kapara ngajêng, sang prabu andhawuhakên pangandika dhatêng kyai patih: Kakang Samirana, sarèhning putraningsun Pangeran Adipati Prakêmpa têtela yèn ora kêna ingsun galih sayogane, tansah laku nistha dhêmên among dagang tinggal kautamaning satriya ambaèkake sabarang parentah ingsun, ing mêngko ingsun anêtêpi wajibing ratu, putraningsun Pangeran Adipati Prakêmpa ingsun rucat kalungguhane, dene kang ingsun gêntèkake sarèhning putraningsun mung loro kakung putri, mulane putraningsun putri Dèwi Bantarangin, ingsun gantèkake dadi pangeran adipati, sarta ingsun gadhang anggêntèni kaprabon ingsun.

Kyai patih sakalangkung kagèt ing galih awit karsanipun sang prabu botên kadhawuhakên rumiyin, namung [na...]

--- 153 ---

[...mung] kawêngku saking kawicaksanan sarta limpading panggalih padhang, kyai patih tansah anglênggêr dangu botên ngaturi wangsulan, para nayaka dhêdhêp tanpa sabawa. Sarèhning kyai patih botên sagêd amaoni karsanipun sang prabu, dhasar kêdah makatên ngadilipun, kyai patih munjuk sandika saha lajêng kabyawarakakên ing tiyang sapanangkilan, rucat sarta jumênêngipun putra putrinipun sang nata. Sarèhning sang pangeran botên sowan, kyai patih lajêng utusan nayaka kêkalih dhatêng kadipatèn, andhawuhakên rucatipun, inggih sampun kalampahan saha sampun ngaturi uninga ing sang prabu, lajêng kabyawarakakên dhatêng sajawining nagari tuwin dhatêng kitha-kitha bawah nagari Marutamanda ing bab rucat sarta jumênêngipun putra putrinipun sang nata wau inggih ugi sampun kalampahan.

Pangadilan kadipatèn sapunsampun. kapasrahakên dhumatêng sang

--- 154 ---

putri, kaasta wontên salêbêting kadhaton, ing samôngsa-mangsanipun andhawuhakên karampungan, kadhawahakên sarta kaparingan tapak asta saking ing kadhaton dhatêng kondhanging pangadilan, amargi saking limpading panggalih adamêl pangeram-eraming kathah bab jêjêging anggènipun angadil-adili sang putri, botên wontên tiyang mêsgul, ingkang kawon rumaos ing kawonipun, ingkang mênang rumaos nampèni pangadilan lêrês.

Kacariyos Sang Pangeran Prakêmpa sarêng anampèni dhawuh yèn karucat pangkatipun pangeran adipati: têtiyang ingkang mirêng kemawon sami murinding, dene ngantos samantên dukanipun sang prabu, môngka putra namung satunggal, punika sang pangeran botên pisan katingal kagèt, malah katingal pirêna ing galih, kados ical kalilipipun sagênthong, panggalihipun sampun ludhang badhe botên wontên ingkang [ing...]

--- 155 ---

[...kang] makèwêdi, ing samôngsa-mangsanipun karsa tindak lêlayaran amêsthi kadugèn, para punggawa paringipun ingkang rama ingkang minôngka pamong sarta ingkang satyatuhu, wicaksana, sampurna ulah prang sami kaaturakên wangsul dhumatêng ingkang rama, pagalihipunpanggalihipun. sang pangeran, punika inggih mindhak makèwêdi ugi, sang pangeran anyêlakakên bêrah tuwin kuli ingkang rosa-rosa angkat junjung mawi têtindhih tiyang ingkang ragi mangrêtos dhatêng petang, abdi arahan ingkang makatên punika panggalihipun sang pangeran langkung mikantuki, tinimbang punggawa ingkang kathah têdhanipun kasagêdanipun namung pitutur utawi parentah kemawon, botên tèyèng tumindak angkat junjung piyambak. Sang pangeran sampun kagungan baita piyambak, ing mangke karsanipun badhe andon dagang ngantos têtaunan laminipun, kagungan arta dipun kuras katêlasakên sadaya katumbasakên dagangan warni-warni, ingkang

--- 156 ---

kinintên pajêng wontên ing nagari sanès, wangsulipun kaangkah badhe ambêkta dagangan ingkang kinintên pajêng wontên ing nagari Marutamanda, sarêng sampun samêkta kaêmotakên ing baita sadaya, angkatipun botên pamit dhumatêng ingkang rama, namung tilar wêling dhatêng ingkang ibu yèn tindakipun lêlayaran badhe lami konduripun, nalika sang pangeran ambabar layar mangkat saking palabuhan ing Marutamanda kalêrêsan angsal angin sae lêpas lampahipun, ingkang tinuju ing ênu dhatêng nagari Ngindhu, sarêng lampahipun dumugi têngah-têngahing sagantên Ngindhu kapêthuk bajag sami anumpak tembo sarta lajêng ngrampid baita. Para awaking baita sami kagèt sarta ajrih amapagakên, sadaya dêdamêlipun malah dipun bucali lajêng sami angêdhunakên tembo saking baita sarta lajêng sami dipun tumpaki sawênèh ambyur ing sagantên lajêng angrangsang tembo saking kasêsanipun ajrih bilih kacêpêng [ka...]

--- 157 ---

[...cêpêng] ing bajag, sami rêbat koripan piyambak-piyambak. Sang pangeran sangêt eram ing galih nyumêrêpi jirih-jirihipun para kuli, kathahing bajag kintên-kintên namung wontên salangkung, bêrahipun sang pangeran langkung tiyang kalih atus banthuk-banthuk sarta sami asikêp dêdamêl, punika lajêng gugup asalang tunjang rêbat plajêng rumiyin, satunggal botên wontên ingkang purun lawan, punika sang pangeran sawêg sumêrêp yèn pêrlu angangge tiyang sae sakêdhik, tinimbang tiyang awon kathah, nanging sumêrêpipun sampun kasèp, sang pangeran kantun anggana, kulinipun bibar sadaya, satunggal botên wontên ingkang kantun, badhe dipun lawan piyambak rumaos botên kaconggah mêngsah tiyang salangkung, sang pangeran lajêng dipun cêpêng ing bajag, kabêsta sarta kaêrut ing tiyanging baita, dipun lukari kapadosan gembolanipun arta, nanging botên wontên, dipun pitakèni wontên ing

--- 158 ---

pundi soroging pêthi arta, sang pangeran kèndêl kemawon, ing batos taksih kagungan rumaos owêl, kagunganipun arta kathah sangêt, anggènipun kêklêmpak saking sakêdhik dipun rencangi kangelan sarta cêgah dhahar eca badhe dipun pêndhêt malaha dhatêng bajag, nanging owêlipun wau damêl sangsaraning sarira, sang pangeran lajêng dipun gêbagi ing panjalin ngantos ngêmu rah, saking botên sagêd anahanakên sakit, lajêng blaka ing pandèkèkipun, wiwit punika sang pangeran sumêrêp dhumawahing bilai agêng ingkang kasandhang amargi saking kasugihanipun, sarta sumêrêp yèn pituturipun ingkang rama awanti-wanti ingkang tansah dipun tulak, punika lêrês sadaya, punapadene sumêrêp yèn kaluhuraning panjênêngan nata beda utawi dede iribanipun kalihan kaluhuraning sudagar sugih, awit têntrêming sudagar namung bilih kaayoman prabawaning ratu wontên salêbêting nagari, [na...]

--- 159 ---

[...gari,] sudagar ingkang sawêg alêlayar kados sariranipun tanpa aji pisan-pisan, gampil rinampas ing bajag, beda kalihan panjênêngan ratu ingkang alêlayar andon prang, kajèn kèringan ing saênggèn-ênggèn, mênawi kapêthuk bajag, bajagipun niba tangi mlajêngakên tembonipun sami pados koripan, sadaya kaduwungipun sang pangeran sampun kasèp. Baitanipun sang pangeran lajêng dipun lampahakên dening bajag, anuju pulo suwung, dumugining palabuhan lajêng labuh jangkar, sang pangeran lajêng dipun uculi bêbêstanipun sarta dipun atag ngusungi barang saking ing baita dhatêng dharat, sang pangeran dèrèng nate anglampahi padamêlan awrat, kapêksa amikuli barang kathah, bilih rêmbên kagêbag ing panjalin, sariranipun angêmu êrah kados punapa kemawon raosing galihipun sang pangeran anglampahi padamêlan kados padamêlanipun tiyang tumbasan, [tumbasa...]

--- 160 ---

[...n,] sarira cape amarlupa ngantos botên sagêd anggulawat, lajêng dipun kèndêli, bilih sampun ragi pulih kêkuwatanipun dipun trapakên ing damêl malih, bilih katingal aras-arasên dipun gêbag, makatên ing sadintên-dintênipun, ngantos barang salêbêting baita mêntas sadaya, baita lajêng dipun bur kèrêm wontên ing ngriku, sang pangeran sariranipun gagrakusika, tobat kaping sèwu dhumatêng ingkang rama, anggènipun amaoni karsa saha botên miturut piwulangipun, punagi salêbêting galih kapok sajêgipun gêsang yèn kamipuruna malih dhatêng ingkang rama bilih sariranipun sagêd mêntas saking sangsara.

Mênggah griyaning bajag-bajag wau wontên èrèng-èrènging ardi ingkang ngongkang sagantên, pangagênging bajag amatah dhatêng kalerehanipun, sabên dintên lampah giliran tiyang salangkung-salangkung dipun kèn ambêbegal wontên ing sagantên, sarta wontên ingkang [ing...]

--- 161 ---

[...kang] kapatah nyade barang pikantukipun ambêbegal dhatêng nagari sanès-sanèsipun, antukipun ambêkta têtumbasan kabêtahaning griya. Sang pangeran botên kalap ing damêl tansah sêsakitên, kajênging bajag badhe kapêjahan kemawon, utawi kacêmplungakên ing sagantên, sang pangeran mirêng rêmbag ingkang anggêgirisi wau alit galihipun, sanadyan sampun wontên salêbêting sangsara ingkang tanpa timbang inggih taksih owêl dhumatêng manising gêsang, asrêp galihipun sarêng pangagênging bajag botên suka namung akèn ambêkta sang pangeran dhatêng nagari Ngindhu kasadea wontên ing ngriku, awit ing nagari Ngindhu taksih kêlampah sade tinumbas tiyang, kinintên sang pangeran kathah aosipun, warninipun sae kathah kasagêdanipun, namung angêntosi ing samôngsa-mangsanipun sang pangeran sampun sakeca sakitipun lajêng badhe kasade dhatêng Ngindhu, sarêng sampun [sampu...]

--- 162 ---

[...n] sakeca inggih lajêng dipun angkatakên.

Gêntos kacariyos, Kyai Juragan Pôncawora Nyai Juragan Pôncawati sampun dangu amanah jodhone anakipun, nanging botên wontên ingkang panuju ing manah, nuju satunggil dintên kyai juragan kadhatêngan tiyang amindha juragan, sade tiyang tumbasan satunggal abagus warninipun, nanging awakipun sangêt risak angantawisi dening kawratan ing damêl, kyai juragan inggih sampun sumêrêp yèn ingkang mindha juragan wau: bajag, nanging apitambuh. Tiyang tumbasan dipun tawèkakên gangsal atus dinar, amargi kathah kasagêdanipun, pareyalan inggih sagêd. Ing batos kyai juragan sampun angajêngi, awit kalêrêsan botên gadhah pareyalan, nanging samudana nampik, têmbungipun: kula botên golèk tukon wong bagus, golèk tukon wong ayu, sanadyan luwih larang mêlih: kula [ku...]

--- 163 ---

[...la] arêp. Pareyalan kula êmpun duwe.

Ingkang mindha juragan, sampeyan tumbas samurwatipun kemawon kula suka, amargi kula bêtah arta.

Juragan, yèn awèh satus dinar, kula tuku.

Ingkang mindha juragan, sumôngga: satus dinar kula caosakên, sarêng sampun tampi bayaran sarta amasrahakên tiyang tumbasan, lajêng nulak wangsul ambayarambabar. layar mantuk.

Kyai juragan wêlas sangêt ningali dhatêng tumbasanipun jêjaka, wicantênipun: thole aku arêp sumurup jênêng lan kang ayoga marang kowe: sapa, pinangkamu saka ing nagara ngêndi, sababe kowe dadi wong tukon kêpriye.

Sang pangeran dipun pitakèni bab wau punika dangu botên mangsuli, kamanah ing dalêm batos, badhe prasaja sumêlang mênawi botên sae kadadosanipun, awit nama anglêngkara bilih pangeran adipati [adi...]

--- 164 ---

[...pati] anom, gadhah tindak nistha alampah dagang ijèn namung kalayan bêrahipun kemawon, punika badhe sagêd anuwuhakên pamaibênipun kyai juragan, pinanggihing pambudi lajêng amangsuli: kumbi, nama kula pun Bayu anaking juragan ing nagari Marutamanda, tumut dagang layar pun bapa dhatêng ing nagari pundi-pundi, wusana manggih tiwas wontên têngah lautan kabegal ing bajag, bapa kula sarta awaking baita sami kapêjahan, sawênèh kacêgurakên ing sagantên, namung kula piyambak ingkang dipun gêsangi, sarta lajêng kapatrapakên ing padamêlan awrat, wusana kasade dhatêng sampeyan punika.

Kyai juragan nyatakakên wicantêning jêjaka, punapa têmên sagêd kawruh among dagang, sang pangeran dipun dadar ing kasagêdan bab lampahing kasudagaran, atumbas sarta asade barang, punapadene lampahing padagangan candhak kulak wontên ing purug, sang pangeran [pangera...]

--- 165 ---

[...n] amangsuli pratitis, malah kyai juragan rumaos kawon wêgig, Jaka Bayu lajêng dipun kanthi dados kondhang nindakakên padamêlan awrat, lampahing sade tinumbas botên nate kablowok, lampahing tangguh awis mirahing dêdagangan, botên nate nguciwani, lampahing petang arta botên nate kisruh, awit saking punika adamêl rêntahing manahipun kyai sudagar, Jaka Bayu kawêdalakên saking tiyang tumbasan, sarta kaganjar arta kathahipun sèwu uwang mas.

Jaka Bayu sakalangkung kagèt amirêngakên wicantênipun kyai juragan, asuka kadarman agêng makatên, lajêng amangsuli: sakalangkung ing panuwun kula kyai, kula kawêdalakên saking tiyang têtumbasan, namung pêparing sampeyan arta sèwu uwang mas, punika kula aturakên wangsul, amargi botên wontên pêrlunipun mênggahing kula, kula sampun narimah namung nampèni [na...]

--- 166 ---

[...mpèni] pêpancèning sandhang têdha kemawon (ing pagêdhonganipun, Ki Jaka Bayu sampun apratignya ing salami-laminipun badhe botên gadhah rêmên dhatêng yatra kados ingkang sampun, kajawi namung badhe nindakakên pangwasaning yatra bilih ing têmbe sagêd gadhah arta kados waunipun. Awit sampun nate anglampahi rêmên dhatêng yatra sarta sampun kalampahan sagêd simpên pintên-pintên èwu mantên, artanipun pêthak ngantos dipun kulah, artanipun êmas dipun dèkèk ing pêthi wêsi ngantos bêntêt, arta samantên wau saupami dipun tindakakên pangwasanipun, amêsthi ngungkuli pangwasanipun ratu ing alam dunya ingkang agêng piyambak, sarêng botên makatên, malah dados wisaning gêsangipun, sadaya artanipun kabêskup ing bajag, wêwah-wêwah badanipun pinisakit lajêng kasade dados tiyang têtumbasan).

Kyai juragan eram ing manah dene Jaka Bayu

--- 167 ---

katingal kautamanipun botên ajêng dipun sukani yatra, kyai juragan saya sih trêsna, ciptaning batos, Jaka Bayu badhe kapêndhêt mantu piyambak, lajêng dipun sadulurakên kalihan anakipun jalêr Jaka Erawana, awit têtela yèn dede tiyang pidak pandarakan, kajawi saking pratelanipun Jaka Bayu piyambak, inggih katitik saking solah bawa musna-muni,muna-muni. punika ingkang dados panêngêran agêng, sadaya amratandhani yèn Jaka Bayu asalipun tiyang sae, tuwin katitik bagus ing warni botên kuciwa kadhaupakên kalihan anakipun Rara Erawati, namung kantun angêntosi môngsa nipising padamêlan kemawon, sarta jangkêpipun Jaka Bayu mawi katantun rumiyin, dados botên kuciwa ing sêmu, sanadyan ing batos dipun tamtokakên ajêng, awit saking anakipun ayu tanpa cacad sarta kathah kasagêdanipun, wah Jaka Bayu kawisesa wontên ing tanganipun, nanging [na...]

--- 168 ---

[...nging] prayoginipun badhe mawi tatakrami: katantun, dados nama botên rabi pêksan saking kawisesa wau.

Gêntos kacariyos Sang Prabu Timur sampun midhangêt yèn ingkang putra Sang Pangeran Prakêmpa andon lêlayaran pamitipun dhatêng ingkang rayi sang pramèswari badhe lami konduripun, sanadyan ingkang putra pugal botên mituhu dhatêng pituturing bapa, ewadene sang prabu taksih kagungan marma, dhawuh amêmanuki ing lampahipun lêlayaran ingkang putra, bokbilih amanggih bêncana wontên ing saba paran, kasaru lêbêtipun Kyai Patih Samirana, sang prabu angintên bilih wontên damêl, lajêng kadangu: kakang baya ana gawe kang wigati dene lêbunira ora kalawan ingsun timbali.

Kawula nuwun, gusti, kawula angunjuki uninga abdinipun putra tuwan ingkang sami andhèrèk lêlayaran [lê...]

--- 169 ---

[...layaran] sami mantuk kalayan kasarakat, pisah kalihan gustinipun, amargi kabegal ing bajag wontên ing sagantên Ngindhu, barang isining baita karampas sadaya, putra paduka sang pangeran kacêpêng ing bajag lajêng kabêkta dhatêdhatêng. padununganipun, kilap lajêng kasedanan utawi kagêsangan.

Sang prabu kumêpyur ing galih ngantos angrêntahakên waspa, ketang wêlas dhumatêng ingkang putra, lajêng angandika: kakang sira amataha abdiningsun prajurit sinêlir sabragada mawa têtindhih angrêbuta Si Prakêmpa, yèn kêna aja kongsi tumêka ing pati, mêsakake, ala-ala yèn isih urip, anaa sadulure nini putri.

Kyai patih tumut bela karuna midhangêt mêmêlasing pangandikanipun sang prabu, unjukipun sandika sarta lajêng adhêdhawuh samêktaning dêdamêl prang, lajêng bidhal ginêlak lampahing prajurit, mancal ing baita ambabar [a...]

--- 170 ---

[...mbabar] layar kalêrêsan angsal angin sae sampun dumugi palabuhan padununganipun bajag, enggal minggah angrampid rêdi, bajag sami kagegeran kadhatêngan prajurit sami ambêbahak sarta amêmêjahi tiyang tanpa dosa, wontên ingkang lawan kèlês botên môngga puliha, para bajag sasisanipun ingkang pêjah sami bibar asarsaran lumajêng dhatêng ing wana sarta malêbêt ing jêjurang, sang pangeran botên sagêd pinanggih, amargi sampun kalajêng dipun angkatakên dhatêng ing Ngindhu, para prajurit kandhêg anggènipun angrisak padununganipun bajag, wusana angsal pitakenan semahing bajag ingkang kacêpêng yèn sang pangeran taksih sugêng botên kapêjahan, nanging sampun kêlajêng dipun sade dhatêng Ngindhu, dèrèng dangu angkatipun, para prajurit lajêng bidhal saking padununganing bajag ngrantun dhatêng ing Ngindhu. Sadumuginipun ing Ngindhu lajêng malêbêt dhatêng nagari lampahipun parênca [pa...]

--- 171 ---

[...rênca] sami pitakèn dhatêng para juragan punapa wontên ingkang mêntas tumbas tiyang nama Prakêmpa, winangsulan: botên, sarta sami nêdahakên tiyangipun têtumbasan, para utusan dangu analasah wontên ing wêwêngkonipun nagari Ngindhu, ananging mêksa botên angsal damêl, sarèhning sampun tita pangupadosipun botên sagêd pinanggih, giliging rêmbagipun kêdah wangsul mantuk angaturi uninga ing Sang Prabu Timur, lajêng bêdhol jangkar ambabar layar mantuk dhatêng nagari Marutamanda. Botên kacariyos lampahing margi sampun dumugi ing nagari Marutamanda sarta lajêng ngaturi uninga ing Sang Prabu Timur, nyorahakên sadaya lampah-lampahipun titi botên wontên ingkang kalangkungan, sang prabu lêgêg ing galih gèk wontên ing pundi dununging putranipun, asrêping galih dene botên pinêjahan, karsanipun sang prabu badhe dipun sarirani piyambak kapadosan dhatêng Ngindhu pitêpang [pi...]

--- 172 ---

[...têpang] kalihan nata ing Ngindhu nyuwun pitulungipun anggaledhah tiyang sapraja, sarèhning badhe alêlampah dangu, sang nata mawi mranata nagari ingkang badhe kapasrahan ing sapêngkêripun tindakan, panggalihipun sang nata ingkang putra sang putri kados sampun kenging kapasrahan padamêlan agêng punika, namung kantun anggalih kondhangipun kemawon, awit kyai patih badhe kakarsakakên andhèrèk, salêbêtipun sang prabu tata-tata, ingkang putra sang putri kacandhak ing gêrah panas, sarta lajêng sangêt kemawon, madal sawarnining jêjampi wusana lajêng gêrah kênganglangan, sariranipun kantun gagrakusika sangêt orêming galihipun sang nata sarta sang pramèswari Dèwi Sumilir, tansah amuwuni, galihipun sang prabu pêcah dados kalih, putra kakung dèrèng kinantên pêjah gêsangipun, putra putri gêrah angranuhi, wusana saking kawêkèning galih daya-daya ingkang putra sagêda [sagê...]

--- 173 ---

[...da] sênggang lajêng kadamêl sayêmbara, sintên ingkang sagêd nyênggangakên gêrahipun sang putri kaêbang dados jatukramanipun, sarta kaangkat dados nayakaning praja, pintên-pintên dhukun utawi tabittabib (dan di tempat lain). sowan ing karaton ngusadani sang putri, nanging cabar botên wontên ingkang angsal damêl.

Gêntos kacariyos anakipun juragan Pôncawora: Jaka Erawana, bagus ing warni kathah kasagêdanipun, nanging sulaya kalihan wêwatêkaning bapakipun, botên rêmên lampah among dagang, ingkang dipun rêmêni dhatêng kapriyayèn, nêdha lilah dhatêng bapakipun suwita ing ratu, nanging botên dipun lilani, sarta dipun sêrêpakên yèn kapriyayèn punika awrat pikulanipun, botên kenging sinanggi miring sarta botên kenging rinoban ing yatra, dene bilih sampun kalampahan dados tiyang agêng saya agêng kasusahanipun, kathah ingkang dipun manah sarta

--- 174 ---

kathah têtanggêlanipun, lêpat-lêpat sagêd dhumawah ing papa, aundurkaundur. saking kalênggahanipun, beda kalihan lampah among dagang ngèngèr wontên pangwasaning artanipun piyambak, botên wontên ingkang maoni sarta nglêpatakên, akathah-kathah pituturipun kyai juragan, ananging Jaka Erawana ing batos botên mituhu, namung ajrih amaoni kajênging bapa, mila dipun lampahi gêgramèn kalayan prihatosing manah, sanadyan kêcèh arta botên adamêl bingahing manahipun, ing satunggal dintên Jaka Erawana mirêng saking cariyosipun nakoda ingkang sawêg dhatêng saking lêlayaran, yèn ing nagari Marutamanda ngadêgakên sayêmbara pamulyaning gêrah mawi pangêbang ganjaran putri sarta pangkat agêng. Jaka Erawana kados dipun unggar manahipun, rumaos sagêd angadêgi sayêmbara wau sarta rumaos sagêd anampèni ganjaran agêng punika, amargi Jaka Erawana [E...]

--- 175 ---

[...rawana] limpad dhatêng ngèlmi padhukunan, nêlas paguronipun, sarta sagêd ngèlmi daya prabawa. Jaka Erawana nilip lampah botên pamitan dhatêng bapakipun, kêsah kalihan rencangipun sakawan anumpak baita cêmplon, bablas ambabar layar nuju dhatêng ing nagari Marutamanda, lêstantun lampahipun, dumugi ing pabeyan sumêrêp undhang-undhang katèmplèkakên ing balabag bapang wontên ing prapatan, dipun ungêlakên tètès kados carisoying nangkoda, Jaka Erawana lajêng lumampah ijèn malêbêt ing nagari, rencangipun dipun tilar wontên ing baita, dumugi ing panitèn, Jaka Erawana dipun andhêg dening juru panuksma awit solah bawanipun angantawisi bilih tiyang amônca sarta lajêng kagledhah pinanggih ing gembolanipun arta êmas sakanthong, dipun pitakèni, ngakên arta punika artanipun piyambak, kangge sangu kêkesahan, [kêkesah...]

--- 176 ---

[...an,] saha arta sambêtan punika sapele ingatase piyambakipun, awit piyambakipun anaking sudagar ing nagari Ngindhu, juru panuksma saya kirang sakeca manahingpun,manahipun. mokal yèn têmêna makatên, awit tiyang lumampah ijèn tanpa kanthi, ambêkta arta êmas samantên kathahipun, amêsthi anggènipun nyolong, Jaka Erawana lajêng dipun cêpêng kadakwa lampah samar, nanging yatranipun êmas sakanthong kabêskup, botên kaladosakên ing parentah, Jaka Erawana kalêbêtakên ing kunjara, sarta lajêng kaleban prakawis sanès-sanèsipun ingkang pêrlu, ngantos nêm wulan wontên ing kunjara botên katindakakên prakawisirpunprakawisipun. dèning jaksa, awit juru panuksma ingkang gadhah lêladosan dèrèng ngladosakên papriksan lajêng los saking bale griyanipun, saanak putunipun sadaya, adamêl kamuktèn wontên ing panggenan sanès saking kasugihanipun [kasugih...]

--- 177 ---

[...anipun] rampasan arta êmas sakanthong wau.

Kacariyos sang prabu sabên dintên wiyosan jumênêngan sataun sapisan, rawuh ing kunjaran, amriksani kawontêning pasakitan, sarta sabên-sabên asring amaringi pangapuntên utawi maringi sudaning paukumanipun pasakitan ingkang sampun anglampahi paukuman, sanadyan sang nata wontên salêbêting prihatos, inggih botên karsa anglirwakakên padamêlan ingkang sampun katamtokakên. Rawuhipun ing kunjaran, sang prabu kagèt amriksa pasakitan jêjaka bagus, botên pantês yèn anglampahana kadurjanan, sang prabu adatipun botên nate karsa andangu prakawising pasakitan ingkang sawêg katindakakên utawi ingkang taksih gumantung prakawisipun, namung andangu prakawising pasakitan ingkang sampun rampungan kemawon, sarta unjukipun jaksa kêdah kalayan cêkak, prakawisipun

--- 178 ---

ngakên mungkiripun, enggal laminipun, kantun pintên paukumanipun, punika botên makatên, sang prabu botên andangu prakawising pasakitan ingkang sampun kasudhiyakakên kados sabên, andangu prakawising pasakitan Jaka bagus, jaksa gugup awit dèrèng nindakakên prakawisipun, matur bilih kasupèn, nanging sang nata botên duka, malah karsa andangu dhatêng pasakitan piyambak. Lêlaran kang kaya sira, apa sira ora olèh piwulanging wong atuwanira dene kongsi anglakoni panggawe kadurjanan, apa kang sira lakoni.

Dhuh gusti ratu kêkasihing Allah ingkang misuwur ambêk paramarta paring usada ing karogan, paring boga ing kalapan, paring têkên ing kalunyon, saha kontap ing kautaman paduka angèbêki jagad, dhasar sumbaga wirotama, para ratu sami sumêmbah angèstupada botên kalayan pinukul ing prang, awit [awi...]

--- 179 ---

[...t] saking kasudarman paduka ingkang minôngka sarana dêdamêl pamunahing ripu sakti, sarèh paduka ingkang angenggalakên suyuding para nata. Dhuh gusti unjuk kawula mênggahing pandangu paduka botên wontên titahing Allah kalêbêt ing siksa namung tiyang ingkang lampah awon, amargi saking kamlaratanipun, sanadyan tiyang ingkang lampah sae: inggih saking kasaenanipun ingkang dipun andêl-andêlakên, sarta tiyang sugih inggih saking kasugihanipun ingkang adamêl botên marêm-marêming manahipun, tiyang pintêr inggih saking kapintêranipun ingkang dipun unggul-unggulakên, sadaya punika botên sagêd oncat saking wisesaning Pangeran, ananging punapa karsanipun Pangeran amurih awon minôngka pamalêsing kalêpatan: punika botên, sayêktosipun karsaning Allah mênggahing manungsa namung amurih sae.

Ingsun eram miyarsakake aturira atètèh [atè...]

--- 180 ---

[...tèh] titih iku nelakake yèn sira kadunungan kawicaksanan, sarta nelakake yèn sira wong bêcik lan wong sugih kêna paekaning satru nganti bisa kalêbu ing pidana, apadene nelakake yèn sira wong agama Islam, apa ora mangkono.

Dhuh gusti: ratu binara,binathara. ingkang abdi sirik ngaturakên mênggahing kasaenan kawula, sami ugi kawula angalêm dhatêng badan kawula piyambak, awit punika ingkang kawula anggêp wijining kalêpatan prasasat nêdha wisa mandi, ananging punapa manungsa botên ngudi witing kasaenan supados sagêd nampèni wohing kautaman, ingkang dipun margèni saking kasagêdan, punika tiyang wicaksana ingkang misuwurakên, dede badanipun piyambak, utawi dede tiyang juru panggunggung. Makatên malih ingkang abdi sirik ngaturakên tiyang ingkang miawon dhumatêng kawula, awit malah punika ingkang

--- 181 ---

kawula anggêp mitulungi dhumatêng kawula, sagêd kawula kapanggih kalihan ratuning bumi kados panjênêngan paduka, dados kawula taksih kasambutan dèrèng suka panarimah.

Apa ingsun bakal kapêpêtan tumindake prakaranira dening panggawenira dhewe.

Gusti, punapa wontên prakawis ingkang winados badhe botên pêcah utawi botên kasumêrêpan ing sanès, ngantos bêjading jagad, kados botên.

Ingsun ora maoni marang tekadira, nanging ingsun wajib angrampungi prakarane lêlaran sajroning kunjaran, aranira sapa, kawijilanira ing ngêndi, agamanira apa, sêdyanira marang ngêndi, gonira kalêbu ing kunjaran kadakwa apa.

Kawula nuwun gusti: nama kawula pun Erawana, anakipun juragan ing nagari Ngindhu, agami kawula Islam, [I...]

--- 182 ---

[...slam,] sêdya kawula badhe sowan ing panjênêngan paduka, dene anggèn kawula kalêbêt ing kunjaran amargi kadakwa lampah nyalawados saking bêbêktan kawula yatra sangu kêkathahên, punika ingkang murugakên bilai kawula saha ingkang kawula anggêp kabêgjan agêng.

Kêpriye têgêse aturira iku lan kêpriye goningsun bisa ngandêl marang aturira.

Kawula nuwun, bilai kawula amargi kalêbêt ing kunjara, bêgja kawula badhe sagêd kadugèn sêdya kawula, saha ing têmbe panjênêngan paduka sagêd nguningani nyatanipun punapa ingkang kawula aturakên.

Kabêgjan apa kang wus sira têmu.

Kawula nuwun, sêdya kawula sowan ing ngarsa paduka sampun sagêd kalampahan.

Iya bênêr sira wis ana ing ngarsaningsun, ananging apa [a...]

--- 183 ---

[...pa] aran bêgja, mulane ingsun kapengin sumurup apa kang dadi karêpira.

Kawula nuwun gusti, awit saking sampun wontên lilah paduka kalilan anglairakên sêdya kawula, kawula nuwun mênggah sêdya kawula wau badhe ngadêgi sayêmbara pamulyaning gêrahipun putra paduka sang rajaputri.

Sang nata sakalangkung kagèt ing galih dene Jaka Erawana kaconggah ngadêgi sayêmbara, gèk punapa ingkang kangge sarana mulyakakên gêrahipun ingkang putra, awit para tabit ingkang puljulpunjul. ing kawruh panênungan, sami cabar ing damêl, ewadene badhe kacoba kapriksa mênggahing kasagêdanipun, paribasanipun wontên: giri lusi, janma tan kêna ingina, sang nata lajêng angandika: apa sira wis anggêguru bab ngèlmu padhukunan.

Kawula nuwun gusti, saking pamardinipun bapa kawula pinrêtêk [pi...]

--- 184 ---

[...nrêtêk] ing piwulang kawruh warni-warni wontên ugi tandhanipun kasagêdan kawula saking para guru sawatawis, nanging ingkang langkung pêrlu kalangkunganing manungsa botên saking wêwarahing guru, saking kalêpasaning budi padhang. Usada saking juru ngracik jampi punika beda kalihan usada pêparinging Allah ingkang mijil saking kalêpasan, anggènipun matur kalihan nyaosakên sêrat sabongkok saking para gurunipun warni-warni sarta kathah ingkang sanès bôngsa.

Sang nata sakalangkung ngungun anguningani sêrat-sêrat pratandhaning kasagêdan kathahipun 36 cocog kados tangguhipun sang nata salêbêting galih, yèn jêjaka punika dede tiyang sabarangan, sang nata lajêng adhêdhawah dhumatêng jaksa kinèn angluwari Jaka Erawana saking kunjaran sarta lajêng ingandikakakên dhèrèk tindakipun sang nata. Wontên ing pôncaniti sang nata kèndêl pinarak sinewaka, Kyai [Kya...]

--- 185 ---

[...i] Patih Samirana ingandikan majêng angirida Jaka Erawana, sarta lajêng kadangu, ing mêngko sira wus kalakon malêbu sayêmbara pamulyaning gêrahe putriningsun nini putri ana ing ngarsaningsun, lah ing mêngko kapriye kang dadi lêkase karêpira, apa sira ngêtrapake isarat utawa têtumbal, lan ngêmpakake gêndam, guna dhêsthi tuwin donga panênungan, apadene namakake têtômba sapanunggalane.

Kawula nuwun gusti, sadaya punika botên dados sarana pamulyaning gêrahipun putra tuwan, namung kawula nyuwun lilah kapanggih ing putra paduka badhe kawula tarik alusipun dening kawruh daya prabawa.

Sang prabu rêngu ing galih amidhangêtakên kamipuruning aturipun Jaka Erawana nyuwun kapanggih ingkang putra sang putri dhawuhipun, iya bakal ingsun pituruti [pituru...]

--- 186 ---

[...ti] aturira, nanging yèn cabar gawenira, amêsthi sira ingsun kêthok gulunira padha ing sanalika iku.

Kawula nuwun gusti, punika pangandika ingkang pantês kawula luhurakên, sarta badhe kawula lampahi kalayan eklasing manah anglampahi paukuman pêjah, bilih kawula botên sagêd ngantasingêntasi. damêl.

Jaka Erawana lajêng kadhawuhan ngirid malêbat dhatêng ing kadhaton, sang putri gêrahipun saya ngranuhi, rinubung ing êmban cèthi parêkan, sarta tansah tinangisan dhatêng ingkang ibu. Dhatênging utusan ngirid Jaka Erawana lajêng munjuk sang pramèswari, gusti sowan kawula kautus raka paduka sang prabu angirid pisowanipun dhukun neneman sagah amulyakakên gêrahipun putra paduka sang putri.

Sang pramèswari angandika, aku nganti rumasa jêlèh nampani dhukun paringe sang prabu, siji ora ana kang olèh gawe, mung padha umbag, ngumbakake kapintêrane, [kapi...]

--- 187 ---

[...ntêrane,] pêrlune olèha opahan pangangacêmonge, iki manèh sing isih bocah yèn ngêntasana gawe.

Kawula nuwun gusti, sanadyan taksih lare nanging kados kenging pinitados, awit kathah kasagêdanipun.

Coba timbalana mrene.

Kawula nuwun, inggih sandika, Jaka Erawana lajêng kèrid ing lampahipun utusan, dumugi ing ngarsanipun sang pramèswari lênggah konjêm ing siti, sang pramèswari rêsêp ningali, ciptaning galih: bocah iki bêcik têmên trêpsilane, dhasar bagus amêrak ati, patut dadia mantuku, muga anaa pitulunging dewa bisa angêntasi gawe. Sang pramèswari angandika: bagea kowe: dhukun nonoman kang ngadêgi sayêmbara pamulyaning larane nini putri, aku bungah bangêt yèn kowe bisa ngêntasi gawe,

--- 188 ---

nanging yèn nganti cabar, umurmu amêsthi katêkêm ana wêwênange sang prabu, kang mangkono iku apa ora gawe marasing atimu.

Kawula nuwun gusti narpadayita ingkang pinuji ing jagad, sakalangkung panuwun saha pamundhi kawula sih marmanipun gusti kawula, punika sampun kawula sumêrêpi saha sampun kawula sanggêmi, botên langkung namung pangèstunipun gusti kawula ingkang kawula suwun, sagêda angsal damêl.

Lah saiki apa kang bakal kotindakake.

Kawula nuwun, mênawi kalilan kawula nyuwun kapanggih putra paduka sang putri, badhe kawula sumêrêpi punapa ingkang dados talajêring gêrahipun, punapa namung cêkap mawi usada kemawon, punapa kêdah mawi kadêmèk ing tangan.

Saiki nini putri lagi turu, wis têlung dina ngagak-agak ora ngliyêp.

--- 189 ---

Punika malah kêlêrêsan gusti, awit lampahing rah kenging katitik saking kêndho kêncênging ambêkan.

Jaka Erawana lajêng kairid piyambak dening sang rajaputri dumugi ing gêdhong pasarean, sang putri kapanggih sare miring katingal ototkingototing. jangganipun anggalêr cêmêng, Jaka Erawana lajêng sumêrêp kemawon yèn ingkang dados jalaraning gêrahipun sang dèwi saking otot ingkang anjog ing sirah kagubêt ing bayu ijêm, lajêng dipun pijêt alon kawangsulakên ing ênggènipun lami, sang putri nglilir saking sare sampun waluya jati, lajêng dipun rangkul dhatêng ingkang ibu sang pramèswari, sarta lajêng enggal angaturi uninga ing sang prabu ing sêngganging gêrahipun ingkang putra, sang nata gupuh têdhak ing kaputrèn, ingkang putra lajêng rinangkul sarta adhêdhawuh dhumatêng Jaka Erawana sangêt ing suka bingahipun sang prabu, Jaka [Ja...]

--- 190 ---

[...ka] Erawana kadhawuhan mundur kaparingakên dhatêng kyai patih, sarta lajêng ingandikakakên sinau ulah praja, andhèrèk sarta angladosi kyai patih, lajêng kakarsakakên tumut angrêmbag prakawis, botên antawis lami katitik kasagêdanipun sarta sugih wiweka agêng kasujananipun, sang prabu sakalangkung pirêna ing galih lajêng kaangkat dados mantri anèm, botên lami kaangkat malih dados bupati tamping, wusana kaangkat dados nayakaning praja sarta kapacang dados jatukramanipun sang putri badhe kalampahan tumuntên, punapadene kagadhang badhe dados pamongipun sang putri bilih sampun jumênêng anggêntosi ingkang rama.

Gêntos kacariyos, kados sarêng lampahipun, Kyai Juragan Pôncawora sakesahe anakipun Jaka Erawana tanpa pamit, lajêng angangin-angin lami botên pikantuk pawartos, wusana [wusa...]

--- 191 ---

[...na] angsal kabar têrang kesah ngadêgi sayêmbara pamulyaning gêrah dhatêng nagari Marutamanda, kyai juragan asrêp ing manah sarta angajêng-ajêng sagêda angêntasi damêl, awit Jaka Erawana putus ing ngèlmi padhukunan, kyai juragan asantun cipta, manah anakipun èstri Rara Erawati, sampun diwasa dèrèng wontên pasanganipun ingkang panuju ing manah, lajêng pirêmbagan kalihan semahipun Nyai Juragan Pôncawati, têmbungipun:

Bokne: Wis lawas bocahku tukon Jaka Bayu kang wis dak mardikakake sarta kang banjur dak kanthi dadi kondhangku laku among dagang, katitik katêmênane sarta akèh kapintêranèhkapintêrane. malah kêrêp amaoni karêpku kang kinira bakal tumiba ing pituna, tak nyatakake apa panêmune: bênêr, upama dak sidakna aku tumiba ing luput, mulane bangêt pitayaku sarta banjur tak pasrahi bangbang alum-aluming [a...]

--- 192 ---

[...lum-aluming] padagangan, aku mung kari nampani pratelan bae, kèh sathithiking dhuwitku kang wis tumindak, utawa kang durung tumindak, tuwin kang pancèn ora bisa tumindak kudu malêbu ing celengan, dene kang isih tumindak cundhuk lan kèh sathithiking barange, gunggungane tikêl lan kang wis kalakon, kasugihaku wis kêna ingaran tanpa wilangan. Ana kang agawe eraming atiku manèh, Jaka Bayu iku sêpi marang pamrih lan ora dhêmên marang dhuwit, dak wèhi dhuwit sèwu wang mas dibalèkake, sajêgku urip lagi tumon iki wong ora dhêmên marang dhuwit. Sarèhning Jaka Bayu iku rupane bagus, kalakuane bêcik, kandhane anaking juragan gêdhe, wis akèh labête marang aku, karêpku arêp tak pèk mantu dhewe, mungguh karêpmu kêpriye.

Sadèrèngipun kula amrayogèkakên dhatêng karsa sampeyan punika. Kula apratela rumiyin, [rumiyi...]

--- 193 ---

[...n,] kula sampun nate pranggulan sapisan kalihan Jaka Bayu nuju anjênêngi tiyang ngudhunakên soga tingi saking gudhang, kula pitakèni gita lajêng andhodhok, pitêmbunganipun alus andhap asor ngrêsêpakên manah. Kula inggih amastani warninipun sae, pantês dados lakinipun putra sampeyan pun êbèng, nanging mênggahing salira sampeyan punapa badhe botên angsal pocapan awon mupu tiyang tumbasan, katomah têmên putra sampeyan botên pajêng laki, môngka sayêktosipun pintên-pintên ingkang sami nakèkakên, anaking sudagar sugih-sugih tuwin anaking priyantun sami sampeyan tampik, dalah putraning punggawa inggih sampeyan tampik ugi, glèthèk pêthèlipun napungnamung. mupu lare tumbasan, ingkang makatên punika punapa botên kenging panyakrabawa pun êbèng lampah awon.

--- 194 ---

Kang mangkono iku wis dak sumurupi, ananing mungguhing aku ora duwe sumêlang pisan-pisan, lan ora gigrig kataman ing ujar ala kang dudu saka panggaweku, mangkono manèh mungguh yêktining kawruh bêcik iku ora têdhas ing ala, karodene manèh bêcik mupu wong tukon kang ana ajine tinimbang milala anaking priyayi kang tanpa aji.

Kula inggih andhèrèk sakarsa sampeyan, namung sok sampuna matur, dene ing batos kula pancèn amrayogèkakên karsa sampeyan wau, kalihdene malih mênggahing tiyang èstri bingah anglampahi kirang sandhang kirang têdha anggêripun kalihan ingkang jalêr tinimbang ingênjong-ênjong nanging kinamaru, sampun malih botên kêkirangan sandhang têdha botên kinamaru botêna sangsaya bingah punika dede timbangipun, istingangkah putra sampeyan pun êbèng malah badhe amisesa dhatêng ingkang jalêr, awit laki [la...]

--- 195 ---

[...ki] angsal lare tumbasan.

O, aja duwe cipta mêngkono bokne, gêdhene kêprungu marang anakmu si êbèng amêmurung laku kautaman, iku dudu kudangaku yèn anak wadon misesa marang kang lanang, wajibing wadon mung kudu bêkti marang laki, yèn ora mêngkono sok ora bêcik dadine, mulane akèh wong wadon laki pindho ping têlu saka pawitan wani marang wong lanang. Karodene manèh bakal mantumu iku têtela dudu wong sabarangan, malah kiraku isih têdhaking kusuma rêmbêsing madu, katitik saka solah bawa muna-muni, bagus alus sarta sêpi marang pamrih tajêm polatane dene durunge kawadaka mung saka durung ana mangsane kawêdhar bae, rupane isih ginawe wadi. Ing mêngko kowe nuli tata-tataa sasaput prantine wong arêp mêmantu, tak arah tumuline kalakon, nanging sarate aja kuciwa ing sêmu [sê...]

--- 196 ---

[...mu] Jaka Bayu arêp dak tari dhisik gêlême nglakoni utawa ora, karodene anakmu si êbèng konên angladèkake pawohan yèn Jaka Bayu wis ana ing ngarêpku.

Nyai juragan mundur saking ngajêngan lajêng anjujug ing paningrat panggenanipun nyêrat Rara Erawati, sarwi wicantên, êbèng dene wis sore têka isih ambathik.

Kantun sakêdhik êmbok, kêtanggêlan mênawi botên dipun rampungakên pisan.

Biyang: sesuk apa ora kêna manèh, tak jungkati mrenea, dene nganti mruwun ora kambon lênga.

Dhasar inggih kala wau siyang kula mêntas kramas, dèrèng lisahan.

Layak. Bok Sombro jupukna cêncêman lênga ing brêsihan kae.

--- 197 ---

Inggih, punika.

Yèn dokoki jêruk purut, kowe kuwi kakehan.

Rara Erawati lajêng dipun sêrati, remanipun angandhan-andhan kados wudharing sêkar bakung, mawur kenging samirana, sinomipun ngarompyoh pindha lunging pakis, lajêng dipun gêlung dhatêng nyai juragan, sarta lajêng dipun kèn santun pangangge, bilih sampun, dipun undang bapakipun dhatêng pringgitan angladosna pawohan, Rara Erawati anggraita yèn badhe dipun tontoni ing tiyang, ananging sintên ingkang badhe nontoni, Rara Erawati dèrèng kamirêngan, Rara Erawati lantip ing panggraita botên purun ngadi busana, ngangge tapih bathik bolurambat sampun masêm, kêmbên rintik kêthelan. Rasukan sêmbagi pêthak wêdalan ing Kusta, namung ngangge supe kêkalih, supe suwasa mulya ing dariji panuduh têngên, supe mirah dalima ing jênthik kiwa, [ki...]

--- 198 ---

[...wa,] sêngkang padintênan dhapur sêkar sataman sêling mirah intênipun barleyan alit-alit, gosokaning sarawèdi ing Indhu kantun lasipun kemawon, sanadyan intênipun alit-alit sunaripun kados srêngenge ingkang sawêg mungup saking tancêbing langit, godhohing kuping miyar-miyar kados pradapa, tansah adamêl ebahing sêngkang pindha lintang liwêran angubêngi wadana ingkang sawang rêmbulan, botên kacôndra sampurnaning warninipun Rara Erawati, lajêng kèrid ing rena mêdal dhatêng paringgitan marêk ing yayahipun.

Kyai juragan sapêngkêripun ingkang èstri nyai juragan, ngundang Jaka Bayu sarta sampun dhatêng wontên ing ngajêngipun, pangintênipun Jaka Bayu botên sanès namung badhe dipun jak ginêman padamêlan kados sabên-sabênipun, mila nyudhiyakakên sêrat-sêrat petangan, kyai juragan sumêrêp mèsêm sarwi [sar...]

--- 199 ---

[...wi] wicantên: tak undang ora anggarap pagawean, arêp tak jak rêmbugan seje. Aku kok durung tau takon umurmu. Apa wis ana rongpuluh taun.

Sampun, sawêg lumampah, têtêpipun kalih dasa taksih kirang wolung wulan.

Lagi sangalasane, punjul patang sasi. Karo adhimu si bèng kacèk akèh, umure lagi nêmbêlas lumaku. Wontên ingkang karaos manahipun Jaka Bayu saupami katantun kapêndhêt mantu kaangsalakên anakipun èstri ingkang kapamèrakên wau: gèk kadospundi polahipun, purun: dede kajêngipun, ingatasipun putraning ratu angsal anaking sudagar: nistha sangêt, wah dèrèng mêsthi ayu, botên purun, ajrih dening kawisesa, salêbêting manah tobat dhatêng ingkang rama anggènipun kamipurun nyulayani karsanipun, sawêg manah manah [ma...]

--- 200 ---

[...nah] badhe wangsulanipun, kasêlak dipun wicantêni malih.

Yèn wong lanang wis umur 20 taun iku wis wayahe rabi, ingatase kowe apa durung duwe niyat rabi.

Manah kula taksih têbih ingkang makatên, taksih rêmên lamban, awit pintên-pintên rêribêd ingkang tumuwuh saking manahing èstri, prasasat juru panggodha ingkang botên wontên sampun-sampunipun. Sawêg dumugi samantên wangsulanipun Jaka Bayu kasaru dhatêngipun nyai juragan kalihan Rara Erawati ambêkta lancang pakinangan, sakêdhap Jaka Bayu pagut tingal kalihan Rara Erawati, Jaka Bayu kumêsar kados wontên calèrèt ingkang ngrumiyini santêring ungêlipun balêdhèg, angartika salêbêting manah, dubilah wewe, jawane calèrèt tanpa balêdhèg, upama balêdhèg: apa arêp nyambêr aku, hêm, rak mati sampyuh [sa...]

--- 201 ---

[...mpyuh] athik ana wong ayu kaya mêngkono iku cikbèn apa, pêrlune rak mung agawe edaning wong bae, kok ana liyane manèh: ora, sarèhning aku uwong iya kudu kalêbu ing edan uga.

Kyai juragan awas ningali yèn Jaka Bayu kenging sambanging wanodya: linglung dadakan. Kyai juragan asrêp manahipun, kadugèn ingkang sinêdya.

Rara Erawati sasampunipun angladosakên lancang pakinangan, lajêng wangsul malêbêt ing griya, lampahipun amucang kanginan sarwi nolih-nolih amaoni pucuking kasêmêkan kalingkab dening sumiliring angin.

Jaka Bayu kados pêcat nyawanipun tinilar calèrèt gombèl nyulinga, ringas polatanipun, supe wontên ngajêngipun kyai sudagar, rêngêng-rêngêng ngantos kawêdal:

Mijil

mijil saking suyasa tan aris / byar katon cumlorot [cumlo...]

--- 202 ---

[...rot] / sapa wonge ingkang nora kagèt / nadyan sira jêjanggan wêwasi / kang kulinèng ardi / unggyaning asamun //

mung mêmangan brêbêkan kaywaking / kalamun tumonton / wurung samadi sida angame / anon cintranta sang kadi Ratih / aja ingkang kadi / lumrah lir wandèngsun //

yêkti kadadak dadi dalêming / malah angêcêmong / dhuh tulungên dasihira anggèr / usadanana kincanging alis / mung iku kang dadi / pamurunging lampus //

Kyai juragan wicantên sarwi gumujêng, kowe kok baud ngrêrêpi/: Bayu.

Jaka Bayu kagèt, èngêt yèn wontên salêbêtipun kunjana kingkin, kèndêl anggènipun ngrêrêpi ambarêbêl mêdal luh.

Kyai juragan adamêl bingahing manah: wicantên jalomprongan: Bayu, mulane kowe tak undang mrene arêp dak jak rêmbugan bab gonku arêp duwe

--- 203 ---

gawe mantu.

Sintên ingkang badhe kaêntas sarèhning putra sampeyan Jaka Erawana kesah angadêgi sayêmbara pamulyaning gêrah dhatêng ing nagari Marutamanda, dèrèng kinantên antukipun.

Dudu Jaka Erawana kang arêp tak êntas, adhimu Rara Erawati.

Pikantuk ing pundi.

Durung karuwan, mung arêp tak tubruk-tubrukake bae, anggêre babag karo umure, wong bocah wis akir balèg.

Sampun pintên ta: umuripun.

Nêmbêlas taun lumaku.

Dene kok sawêk umur nêmbêlas taun, kasêsa-sêsa ingkang dipun kasêsani punapa. Bok kapadosakên jodho ingkang prayogi, sampun dipun tubruk-tubrukakên makatên, mêsakakên ingkang nglampahi. [nglampah...]

--- 204 ---

[...i.]

Olèhku arêp nubruk-nubrukake mau saking wudhune, ora ana kang nakokake, ayake saka kiwaning rupane iku.

Môngsa botên wontên ingkang nakèkakên, kula mirêng pintên-pintên ingkang sami ngêbun-êbun enjing anjêjawah sontên, panjênêngan sampeyan botên kaparêng.

Bênêr, olèhku nampik iku mung andhisiki laku bae, ora wurung adhimu yèn ditontoni bakal tinampik.

Sabap punapa dipun tampik.

Sabab ala rupane, wagu tênagane, kiwa polatane.

Ingkang criyos sintên.

Aku kiyi.

Mênawi kula mastani botên makatên, dados kosok-wangsul. [ko...]

--- 205 ---

[...sok-wangsul.] Lha wong sing ngarani kowe: sadulure. Pancène arêp tak pacangake kowe, barêng kowe lumuh rabi dadi mung têtêp dadia sadulurmu bae.

Anggèn kula matur lumuh wau rak namung saupami kemawon, atur gêgujêngan, botên sayêktosan.

E, kajaba ta yèn saiki kowe nganggo têmbung: upama.

Kacariyos Jaka Bayu sampun kapacangakên angsal Rara Erawati, sarta sampun katamtokakên dintên tanggal wulanipun anggènipun badhe ambawahi, kyai juragan, lajêng anêdah sadhèrèkipun anèm, nama Bagus Bisaka dipun kèngkèn nusul Jaka Erawana dhatêng nagari Marutamanda ngundang mantuk sakêdhap anênggani pikramènipun Rara Erawati, Bagus Bisaka lajêng pradandosan namung ambêkta rencang sakawan, sarta [sar...]

--- 206 ---

[...ta] lajêng babar layar lêpas lampahipun, tumuntên Jaka Bayu dipun kèngkèn mranata prakawis padagangan dhatêng liyan nagari salêbêtipun badhe gadhah damêl: kèndêl, sarta nyuruhi dhatêng mitranipun para sudagar agêng-agêng dipun purih sami dhatêng anjênêngi pikramèn, Jaka Bayu ugi lajêng apradandosan lajêng mangkat babar layar lêpas lampahipun.

KerkenanipunKengkenanipun. kyai juragan, Bagus Bisaka cinêndhak: sampun dumugi ing nagari Marutamanda sarta sampun angsal sêsêrêpan yèn Jaka Erawana angsal damêl anggènipun ngadêgi sayêmbara pamulyaning gêrah sarta sampun angsal ganjaran kakulawisudha dados punggawa agêng apangkat adipati saha kapacang badhe dados êmbananipun sang putri ingkang binadhe raja, sangêt ing bingahipun, Bagus Bisaka lajêng lampahipun kandhêg ing regol, canthèl atur dhatêng abdi ingkang saos, kauningan lajêng katimbalan, [katimba...]

--- 207 ---

[...lan,] sang adipati botên pandung dhatêng ingkang paman bagus Bisaka enggal binagèkakên kalayan taklim, Bagus Bisaka sampun sumêrêp ing kaluhuranipun ingkang putra, sakalangkung angaosi sarta lajêng matur sarèh ingutus ingkang rama, sang adipati kumênyut ing galih kèngêtan dhatêng ingkang rama ibu sarta ingkang sadhèrèk, pangandikanin:pangandikanipun. paman, kula botên supe dhatêng raka ijêngandika kyai yèn kamulyan kula samantên punika atas dede kaskaya kula piyambak, sadaya-sadaya taksih saking brêkahipun raka ijêngandika kyai, sarta kula botên supe anggèn kula dipun juju kados pêksi dipun kêmpit kados wade pinrêtêk ing piwulang warni-warni pintên-pintên guru kula ingkang bayaranipun kathah, punika saking raka ijêngandika kyai sadaya, mila kula katimbalan mantuk supados anjênêngi pikramènipun sadhèrèk kula: amêsthi botên kula awratakên, sanadyan [sanadya...]

--- 208 ---

[...n] kula sampun apangkat agêng, ananging botên badhe ngalitakên kaluhuranipun têtiyang sêpuh kula, nanging kula kêdah nyuwun lilahipun sang prabu rumiyin, sarta mranata prakawis ingkang kula bêbahi nindakakên salêbêtipun kula kêkesahan.

Adipati Erawana sampun saos unjuk nyuwun lilah tuwi têtiyang sêpuhipun, amargi sampun lami botên kapanggih, ngiras pantês badhe anjênêngi pikramèning sadhèrèkipun èstri, laminipun kaangkah namung sawulan, dhawuhipun sang prabu sampun kaparêng sarta botên kalilan langkung saking sawulan, sang adipati lajêng apradandosan, ambêkta rajakaputrèn sarta barang raja pèni badhe pasumbangipun dhatêng ingkang sadhèrèk, sarta karsanipun lampah lêlancaran namung ambêkta abdi sacêkapipun, botên bêkta prajurit sinêlir, kagalih makèwêdi bilih wontên griyanipun ingkang rama, sarêng sampun samêkta lajêng

--- 209 ---

bidhal babar layar lêpas lampahipun, sarêng pikantuk tigang dintên dumugi tikunganing sagantên Indhu wanci dalu kapapag baita bajag, kapitaning baita enggal angingêrakên lampah badhe nyimpangi, ananging kawon rikat, para bajag sampun nyakêti baita sarta lajêng sami naracag natasi tangsul, wontên ingkang ngrayah barang sawênèh amêmêjahi tiyang, tiyang sabaita apuyêngan, botên sagêd kêkiwul pangrampasing bajag, baita katarik ngantos dumugi pinggiring rêdi ingkang ngongkang sagantên, inggih punika padununganing bajag ingkang ambêbegal, botên dangu bajag ing dharatan ambyuk dhatêng baita angrêrayah sarta anyêpêngi tiyang lajêng kabêsta kainggahakên ing dharat, sang adipati winayungyung baitanipun lajêng dipun kèrêmakên. Sang adipati sarencangipun lajêng kalêbêtakên ing guwa pakunjaran, ing ngriku kathah panunggilanipun tiyang pasakitan, ugi panunggilanipun [panunggi...]

--- 210 ---

[...lanipun] tiyang lêlayaran dipun begal, punika dipun sadèni saking sakêdhik, makatên pandamêlan bajag ing pulo suwung.

Gêntos kacariyos lampahipun Jaka Bayu sarencangipun awaking baita ambêkta pisungsung angsal-angsal sarta barang dêdagangan sawatawis, angulêm-ulêmi dhatêng para juragan ing liyan nagari, lampahipun ugi kabegal ing bajag, botên sanès kados lêlampahanipun Adipati Erawana, lajêng kalêbêtakên ing guwa pakunjaran sarencangipun, Jaka Bayu sampun nate angraosakên kasangsaran salêbêtipun wontên tanganing bajag, anglês salêbêting manah namung pasrah dhatêng ingkang damêl gêsang, sarta nêtah dhatêng sariranipun anggènipun kamipurun nyulayani karsanipun ingkang rama satêmah nandhang papa cintraka rambah-rambah sarta dèrèng angsal pangapura, tobat salêbêting manah, bilih sagêd luwar saking sangsara namung badhabadhe.

--- 211 ---

miturut ing sapangrèhipun ingkang rama, sampun ingkang dhumawah ing sakit, sanadyan dumugia ing pêjah badhe dipun lampahi kalayan eklasing manah.

Kacariyos salêbêting guwa pakunjaran, antawis wontên tiyang sèwu dipun cadhong sêkul gabah arang ulamipun gêrèh, sabên dintên suda wêwah, ingkang kawêdalakên lajêng kasade dhatêng ing tanah-tanah, makatên pandamêlipun bajag ing pulo suwung.

Kacariyos Jaka Erawana wontên salêbêting kunjaran angrumiyini lêbêtipun Jaka Bayu botên lirip manahipun, pados kanthi ingkang purun sabaya pêjah kadugi dipun jak anjêbol pakunjaran, ananging dèrèng angsal kônca ingkang kenging pinitados, sadaya tanpa budi, purunipun muta tuli tanpa wêweka sarta tanpa kawruh ing kaprawiran, kagèt sumêrêp Jaka Bayu kalêbêt ing kunjaran, lajêng dipun cêlaki sarta dipun rangkul, têmbungipun: adhi sampeyan [sa...]

--- 212 ---

[...mpeyan] kabilaèn kados kula.

Jaka Bayu gêntos angrangkul, kakang Erawana sadhèrèk kula jalêr, kula sampun kaping kalih punika kalêbêt ing kunjaran ngriki, ananging ingkang rumiyin lajêng kalêbêtakên ing romah sakit amargi saking sakit, sarêng sampun saras lajêng kasade dhatêng rama ijêngandika kyai juragan.

Adhi: sampeyan punapa botên gadhah akal oncat saking panganiayanipun bajag, dene kalangkungan sampeyan petang among dagang tangguh tuna bathi anggêgirisi, rama ijêngandika kyai tansah angalêm, rumaos kawon kalihan sampeyan.

Kados sanès êmpanipun kasagêdan kula wontên ing papan ngriki. Kula inggih sinau ulah prang, piwulanging guru tumplak sadaya, ananging kala samantên manah kula kirang majêng dhapur botên kalêbêt.