Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Pêthikan Saking Kabar Angin, Padmasusastra, c. 1901-05, #39 (Hlm. 213-318)

Katalog:Pêthikan Saking Kabar Angin, Padmasusastra, c. 1901-05, #39
Sambung:
1.Pêthikan Saking Kabar Angin, Padmasusastra, c. 1901-05, #39 (Hlm. 001-105). Kisah, Cerita dan Kronikal | Novel #897.
2.Pêthikan Saking Kabar Angin, Padmasusastra, c. 1901-05, #39 (Hlm. 106-212). Kisah, Cerita dan Kronikal | Novel #898.
3.Pêthikan Saking Kabar Angin, Padmasusastra, c. 1901-05, #39 (Hlm. 213-318) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Novel #899.

--- 213 ---

Sok makatêna akal ingkang sagêd oncat saking: ngriki botên gadhah.

Inggih makatên, ananging sarèhning sapunika kêpêksa kêdah gadhah akal pamalês dhatêng panganiaya ingkang anggêgirisi punika sumôngga mangke samangsanipun rangsum dhatêng lajêng sami ngamuk kemawon.

Punika taksih kasar, kajawi botên mêsthi sagêd mênang, saking kawon bagas kawon samêkta, kula sampeyan namung tangan thok, wah dèrèng sabiyantu kalihan têtiyang punika sadaya, tiwas rame botên sagêd kalampahan niyatipun. Kajêng kula sapunika badhe miluta manahipun têtiyang salêbêting kunjaran punika sadaya, kula jak ambobol kunjara sarta lajêng minggat dhatêng ing wana, wontên ing panggenan bawera kula badhe botên kirang akal, sarta botên wêgah mêngsah kalihan bajag musibat punika.

Kula sakalangkung amrayogèkakên kakang, mugi [mu...]

--- 214 ---

[...gi] lajêng sampeyan lêksanani kajêng sampeyan punika. Kacariyos Jaka Erawana lajêng angêngipuk manahipun têtiyang kunjaran, awit saking manis sarta sagêdipun, têtiyang sakunjaran sami kèlu sadaya, wiwit ing dintên wau lajêng ambobol kunjara kaprênah pipinipun kori bêbutulan, kamanah têmbusipun kalihan petangan ngèlmu bumi, ingkang kadamêl pirantos ambobol bujadan èsèl kori pakiwan, sabên wancinipun rangsum dhatêng panyambutipun damêl kèndêl, tatuning babahan katutup ing gêlaran, sarêng sampun pikantuk wolung dintên: butul, Jaka Erawana mêdal rumiyin, nitik panggenan ingkang badhe kapurugan, sadaya wana glêdhêgan, botên wontên padhusunan ingkang katingal, ingkang kathah namung tiyang pawanan sami manggèn ing èrèng-èrèng rêdi tuwin wontên ing lêlêbak ingkang wontên lèpènipun, Jaka Erawana bingah salêbêting manah

--- 215 ---

kadugèn ingkang dipun kajêngakên badhe malês dhatêng panganiayanipun bajag. Jaka Erawana enggal wangsul kapanggih Jaka Bayu mirêmbag badhe losipun, kaangkah mangke bangun enjing, sarêng sampun samêkta lajêng bidhal kêbut tiyang sakunjaran, lajêng malêbêt ing wana sacêlaking rêdi Brama, wana punika botên wontên têtuwuhanipun kajêng agêng, namung kathah têtuwuhanipun gadhung walur tuwin wi wana, punika ingkang dipun pilih dening Jaka Erawana kamanah sagêd nyambung umur kangge gajuling têdha salêbêtipun kasangsara. Ing wanci enjing konanganipun dhatêng bajag, yèn pasakitan sakunjara sami anjêbol miruda dhatêng wana, ananging para bajag ayêm kemawon, botên purun nututi, awit botên sande têtiyang wau badhe sami wangsul piyambak-piyambak saking satunggal-satunggal, utawi garubyugan, amargi saking kaluwèn botên sagêd nêdha wontên ing

--- 216 ---

wana, punika sampun dados adatipun makatên, sabên wontên pasakitan miruda botên antawis dintên, inggih wangsul piyambak saking kaluwèn.

Kacariyos Jaka Erawana lêpas budinipun, sagêd damêl tosan sarta lajêng damêl pirantosing among tani, kudhi pacul, garu waluku sasaminipun. Rencangipun lajêng kabage tiga, sabagean damêl griya pondhokan, sabageanipun ambubak wana ingkang kakintên kenging kaoncoran toya lèpèn, sabageanipun malih pados têdha karowodan gadhung walur uwi sapanunggilanipun, sarta wowohan, kasambi ambêbêdhag buron wana. Pikantukipun katêdha waradin, amargi saking sayuk sarta lajêng dados lantèh botên nêdha rijêki, malah sami kuwat-kuwat, sasampunipun siti malumah lajêng dipun tanêmi gaga utawi jagung, ingkang koncoran toya katanêman pantun, kasêrêg utawi kagadhu sawênèh [sawê...]

--- 217 ---

[...nèh] tadhahan, pikantukipun wiji saking pitulunganipun tiyang pawanan sarta lajêng sami dados mitra sae, pawêdalipun kaklêmpakakên ngantos pintên-pintên lumbung dados kasugihan agêng saupami kasadea, Jaka Erawana rosa budinipun, botên kèndêl samantên, sanadyan sampun sugih têdha dèrèng marêm bilih dèrèng malês dhatêng panganiayanipun bajag, lajêng pirêmbagan kalihan Jaka Bayu, têmbungipun: Adhi ing mangke sampun kadugèn niyat kula angêrèh tiyang samantên kathahipun sami manut miturut sapangrèh kula sarta sami nganggêp bêndara dhatêng kula: sampeyan, sapunika kajêng kula sampeyan kula dadosakên ratu, kula ingkang dados patih.

Jaka Bayu gumujêng, kajêng sampeyan punika harak dipun gêgujêng ing lare, ratu punika botên gampil, kêdah mêrta sami abôndha bandhu sarta sugih bala sugih dêdamêling pêrang, môngka dêdamêl sampeyan [sa...]

--- 218 ---

[...mpeyan] namung arit.

Mèmpêr, amargi sampeyan dèrèng sumêrêp kadibyan kula, mênawi sampun mêdal bêdhat kula angêjur rêdi Brama punika kula sagêd, dene dêdamêling pêrang punika pakartining lare alit, sakêdhap kula sagêd angwontênakên.

Saya anggumujêngakên umuk sampeyan punika, tiyang sagêd pitados namung wontên salêbêting supêna.

E, sampun makatên adhi, èngêta yèn ebahing baita namung saking wêlah, kasoring pujôngga namung dipun dumuk lêpating têmbungipun sagatra, tumpêsing wadya namung lêpat ubênging pêdhangipun senapati, ewadene awonipun gêlar dene yêkti, kula badhe ngatingalakên kagunan kula nyithak dêdamêling prang kalayan jênangan sela.

O sadulurku, kula kasupèn yèn wontênipun pirantosing [pi...]

--- 219 ---

[...rantosing] among tani saking kagunan sampeyan, ing mangke kula pitados, ananging sabab punapa kula ingkang sampeyan angkat badhe dados ratu, botên sampeyan piyambak, awit ingkang kangelan sarta ingkang gadhah akal inggih sampeyan piyambak.

Awit saking pitaken sampeyan sêpêning kamelikan kula dados ratu wontên ing ngriki punika kula kapêksa cariyos ing bab lêlampahan kula anggèn kula ngadêgi sayêmbara pamulyaning gêrah.

Jaka Erawana lajêng nyariyosakên lêlampahanipun miwiti malah amêkasi. Mênggah jumênêng kula adipati kapacang dados êmbanipun sang putri ingkang binadhe raja, amargi putranipun sang prabu ingkang nama Radèn Prakêmpa lumuh dhatêng karaton, rêmên lampah among dagang, malah sampun kawrêtos seda kabegal ing bajag, lajêng wontên wrêtos malih

--- 220 ---

botên seda: kasade dening bajag dhatêng nagari Ngindhu, dados sapunika Sang Pangeran Prakêmpa dados tiyang tumbasan, sang prabu badhe tindak angulari piyambak, kacandhêt putranipun putri gêrah kadamêl sayêmbara, inggih kados ingkang kula aturakên wau.

Sang pangeran lajêng angrangkul dhatêng Jaka Erawana sarwi tinangisan, lajêng ngandika botên krama, kang aran Prakêmpa iku satêmêne aku, kalingane kowe bakal dadi ipeku garwane kakang êmbok, aku bungah bangêt, dene bakal duwe ipe pinunjul ing budi, dene sapungkurmu ngadêgi sayêmbara karsane kyai aku arêp didhaupake karo sadulurmu wadon, aku uga wis parêng sarta aku wis nyumurupi citrane kadangmu andadèkake rudahing atiku ngênglêng tumêka saiki, bakal dhaupku mung ngêntèni têkamu sarta têkaku saka mranata padagangan, [padaganga...]

--- 221 ---

[...n,] ora ngira yèn kasêngkala dadi tawaning bajag sarta saiki manggon ing alas gêdhe.

Pangeran, kula botên nyana mênawi amanggih gusti kados sarira paduka sarta badhe dados ipe kula. Sumôngga sapunika sami midêr-midêr ing wana nitik sela ingkang kenging kajênang dados tosan. Sang pangeran kalihan Jaka Erawana anjajah salêbêting wana sukunipun rêdi Brama, kadhèrèkakên ing abdi sawatawis ingkang kapatah saba wana ambêbêdhag buron wana Jaka Erawana eram salêbêting manah dene wana glêdhêgan samantên wiyaripun tanpa thêthukulan kajêng lami, wontênipun namung kajêng enggal sadaya, sakêdhap Jaka Erawana sampun nyandhak lidipun, yèn wana punika amêsthi korugan ladhu dening pambalêdhosipun rêdi Brama, sarêng lampahipun saya nêngah manggih tosan gilig panjang tumancêp ing siti, dipun bêdhol angèl, Jaka Erawana inggih

--- 222 ---

lajêng sagêd nyandhak lidipun, yèn punika tosan pasangan balêdhèg ingkang wontên sanginggiling panggung utawi kadhaton, dados siti ingkang dipun idaki punika têlênging kadhaton korugan ladhu dening pambalêdhosipun rêdi Brama wau, lajêng matur dhatêng sang pangeran, gusti: wana punika amêsthi tilas kadhaton, katitik saking tosan pasangan balêdhèg punika, sarta saking têtuwuhan botên wontên ingkang têtuwuhan lami, sadaya têtuwuhan enggal, kajêng kula wana punika badhe kula bongkar saking dayaning balêdhèg damêlan, sokur namung kenging kagontor saking toya kawahing rêdi Brama kaêjogakên mriki.

Apa kowe bisa gawe balêdhèg, lan kapriye akalmu anggawa banyu saka gunung kokêjogake marang tanah ngare.

Baud sangêt kula bilih damêl balêdhèg, nanging barangipun [ba...]

--- 223 ---

[...rangipun] kathah ingkang risak. Dene angilèkakên toya saking rêdi saya gampil, namung mawi sarana talang tosan. Sapunika prayogi dipun nyatakakên kadhudhuk, yêktos lan botênipun atur kula wau, mênawi yêktos mangke kagalih malih, Jaka Erawana lajêng parentah dhatêng rencangipun andhudhuk panggenan punika, kalampahan kadhudhuk sawêg angsal sakaki sampun nanggor sela, lajêng dipun kèn kêndêl pandhudhukipun, Jaka Erawana maspaosakên pasang rakiting sela têtela yèn candhi kadhaton ing jaman kina. Jaka Erawana lajêng matur: gusti, panggenan punika sampun têtela yèn candhi kadhaton, sumôngga sami kondur dhatêng pakuwon, kula damêl gambar rumiyin, supados wontêna ancêr-ancêripun têtiyang ingkang kula patah badhe nyambut damêl. Sang pangeran lajêng kondur, Jaka Erawana lajêng dhatêng ing panyêratan ningali pêpêthan [pêpê...]

--- 224 ---

[...than] bumi, sakêdhap sampun mangrêtos lajêng adamêl gambar kawahipun rêdi Brama, toyanipun kajêbol kailèkakên dhatêng candhi kadhaton sarana talang tosan, sang pangeran pirêna ing galih ningali gambaripun, namung ing batos mêlang-mêlang mênawi lêpat petangipun, Jaka Erawana lajêng parentah wiwit nyambut damêl anjênang sela pintên-pintên èwu jèdhi, sarêng sampun apindha jênang lajêng dipun sokakên ing kowèn, garingipun sampun dados talang tosan, sabên rampung sacithakan: lajêng kapasang miturut gambar, sumèlèh ing talang mawi bantalan tosan, margi ingkang nglangkahi jurang mawi cagak tosan, botên wontên barang ingkang dipun pakèwêdi dening Jaka Erawana, sadaya pinanggih gampil, sang pangeran tansah gèdhèg-gèdhèg ningali kasagêdanipun Jaka Erawana, pantês dados ratu prajurit kinawasa, antawis namung sataun pandamêling talang tosan [to...]

--- 225 ---

[...san] sampun dumugi têlênging candhi kadhaton, ing ngriku dipun dèkèki têlih toya dipun kokop ususing pompa angin, sarêng dipun cakakên kumrawak sumêmbur kados dhawahing toya jawah mawa prahara, tumêmpuh ing ladhu kèrut dalah thêthukulanipun kèli dumugi ing jurang kados banjir bandhang ing môngsa kawolu, antawis dintên pucaking candhi kadhaton sampun katingal, lampahing pompa angin dipun angkah sampun ngantos adamêl risak, antawis sawulan ladhu ingkang ngêlêm nagari sampun têlas, candhi kadhaton katingal ngalela lajêng dipun rêsiki sarana sapu angin, samêndhang botên wontên rêrêgêdipun, kamar-kamaring kadhaton kapanggih sawidak botên wontên ingkang kothong, kêbak isi barang sadaya, kados ta: isi pirantosing pêrang sarta bêkakas dhahar sarwa salaka, ingkang saprangkat tilas agêmipun sang prabu, sarwa êmas, tuwin rajabrana agung, punapa

--- 226 ---

malih arta êmas saha arta salaka: kalih gêdhong, sang pangeran lêngêr-lêngêr botên sagêd ngandika, kamirahaning Pangeran botên kenging ginayuh ing manungsa, kala sariranipun kagungan rumaos rêmên yatra malah sirna gêmpang binêskup ing bajag, sarêng pratignya botên rêmên yatra kados dipun lulu kagunganipun yatra tumpuk angundhung-unthung.angundhung-undhung.

Kacariyos wêwêngkoning kadhaton namung saêpal mubêng, bètèngipun sela grajèn taksih santosa, ing alun-alun sampun tinanêman waringin kêmbar, margi-margi sampun dipun gêsangakên, sinarisig ing sela tala, têpinipun katanêman pêthetan cêmara kasêling kênari, ing sisihipun asêm kasêling waringin, asri tiningalan, toya kawah ing rêdi Brama ingkang tinalang, têlihipun dados sagaran, lajêng kasudhèt-sudhèt, wontên ingkang mili dhatêng ing kadhaton, sawênèh dhatêng ing patamanan, dene ingkang kathah kapêcah-pêcah [kapê...]

--- 227 ---

[...cah-pêcah] mili wontên sakiwa têngêning margi mawi got pasangan sela grajèn, kangge siram margi, tiyangipun bêktan saking kunjaran, sampun kaprênahakên manggèn wontên saubênging kadhaton sajawining balowarti.

Jaka Erawana matur dhatêng sang pangeran, gusti: sarèhning panyambut damêl kula nama sampun rampung, sarta sampun têtela manggih kabêgjan agêng, panjênêngan paduka saèstu kula jumênêngakên ratu, inggih angratoni tiyang samantên punika, saha kêdah santun jêjuluk sakarsa paduka.

Iya kakang, aku mung nurut apa sapangrèhmu bae, gonku jumênêng ratu mung sadrêma kawisesaa marang kowe, mulane kowe kang dak karsakake dadi pêpatih, dene ing têmbe gampang yèn kowe wis dhaup karo kakang êmbok angêmbani jumênênge ratu ana ing Marutamanda, aku golèk liru patih

--- 228 ---

liya, awit aku wis lila karaton ing Marutamanda kadarbe marang kakang êmbok, kaya pratignyaku kang wis kawêtu.

Gusti: kula namung andhèrèk, punapa karsa paduka badhe kula lampahi kalayan têmên-têmên, sanadyan kula sagêd anjara langit, inggih taksih èngêt ing alit kula.

Jaka Erawana sampun kawêling badhe santune jêjulukipun sang pangeran, ing dintên Soma Manis, sang pangeran lênggah sinewaka wontên ing pagêlaran, pinarak ing dhampar gadhing: Jaka Erawana sumiwi wontên ing kiwanipun, têtiyang bêktan saking kunjaran pêpak andhèr sami sowan, Jaka Erawana ngadêg saking palênghanpalênggahan. sarta wicantên sêru: hèh mitraku kang padha ana ing pasewakan iki kabèh, sumurupa yèn Jaka Bayu iku satêmêne gustimu dhewe, Sang Pangeran Prakêmpa putrane Sang Prabu Timur kang misuwur ing jagad, ing mêngko karsane sang pangeran, kalawan pangangkatku: jumênêng nata ana ing pulo suwung ajêjuluk Prabu Wrêstibajra,

--- 229 ---

sapa kang ora ngèstokake têkakna karêpmu aku kang nadhahi. Têtiyang sapanangkilan sami saur pêksi sarta bingah ing manah jumênêngipun Sang Prabu Wrêstibajra, dene ngawula dhatêng gustinipun lami. Sang prabu lajêng angandika, hèh bocah ingsun kabèh saka karsaningsun, ing samêngko kakang Erawana ingsun kulawisudha ingsun junjung saka ing ngisor ingsun sêngkakake ing ngaluhur, ingsun dadèkake pêpatih ingsun, kaarana: Adipati Bajrarumung, sarta ingsun pasrahi bangbang alum-aluming praja ing Candhipêndhêm, para kawula sami saur pêksi malih, sarta sakalangkung mangayubagya ing karsanipun sang prabu, tumuntên bibaran ingkang sami nangkil, ing antawis dintên sang prabu sampun sarêmbag kalihan radèn apatih angulawisudha para dasih kapangkat saundha sabilik-bilik, misuwur adêging karaton mirah sandhang mirah têdha, têtiyang pawanan ambyuk sami dhatêng nagari, malah kathah ingkang sami katrêm tumut gêgriya wontên [wontê...]

--- 230 ---

[...n] nagari. Tumuntên radèn apatih yasa prajurit gagalan, winulang ulah prang, sabên dintên dipun galadhi, botên antawis lami para prajurit wau sampun sami linangkung kasagêdanipun, sarta sampun pinangkat pangkat kalênggahanipun. Radèn apatih botên supe anggènipun badhe ngrisak para bajag, lajêng utusan prajurit sêsêliran, nukup para bajag, nanging botên kalilan amêjahi, namung kadhawahan nyêpêngi kemawon, para prajurit sêsêliran sagolongan satus salawe enggal anglêksanani dhawuh bidhal dhatêng padununganipun para bajag, ing sukuning ardi ingkang ngongkang sagantên, dhatênging prajurit dumrojog tanpa larapan, lajêng ngiwut anyênyêpêngi sasat andêkêpi cêcindhil, para bajag bingung abilulungan, tambuh-tambuh ingkang dipun ungsi, pintên-pintên atus bajag ingkang dipun cêpêngi sami binêstanan sadaya, sarta lajêng kabêkta dhatêng nagari. [naga...]

--- 231 ---

[...ri.] Sampun katur kauningan radèn apatih, sangêt ing pirêna saha lêganing galihipun, dhawuhipun: para bajag ingandikakakên anglajêngakên dhatêng ing wana yasaarsa. kalêbêtakên ing kunjaran, ing ngriku sampun kasudhiyanan têdha nyêkapi, para bajag botên dipun pundhut pêjah gêsangipun, utawi botên dipun pundhut pitobatipun, namung dipun sumêrêpakên ing padamêlan sae, sami kapêksa ingandikakakên lampah among tani anggaru maluku sabin, tuwin ambrujul bubakan wana punapadene macul pêpunthuk, utawi anggêmpuri pêpèrèng murih waradin, tumandangipun kalayan dipun jênêngi ing prajurit, mênawi wontên bajag ingkang lêleda utawi botên purun nyambut damêl, lajêng ingandikakakên mêjahi ngênggèn kasumêrêpana para bajag kancanipun nyambut damêl. Para bajag sajêgipun gêsang botên nate nyambut damêl among tani, ing mangke

--- 232 ---

pinêksa angolah siti, sakalangkung kawratawrat. raosing manahipun, bingah anglampahi ukuman sanès ingkang nglangkungi saking punika, anggêripun botên kêkênthang kêpanasên amêgap-mêgap sabên dintên, sarêng wontên ingkang lêleda utawi mopo ing padamêlan lajêng kairas dipun sênjata sirahipun, andadosakên girising manahipun para bajag ingkang kantun, sawêg angsal pêpêjah kêkalih ingkang kantun lajêng sae sadaya botên wontên ingkang tampik padamêlan, sawêg dipun ingêtakên kemawon sampun tumandang ing damêl kalayan tumêmên, mênggah wiwitipun nyambut damêl jam pitu enjing sasampunipun nêdha sarapan sarta ngombe wedang, bibaripun pukul sawêlas, lajêng nêdha cadhong siyang sêkul gabah arang jangan bêning sambêl lethok, ulam balur, suprandosipun panêdhanipun cekoh, jam tiga kaêtrapakên padamêlan malih jam gangsal bibar lajêng nêdha malih, jam [ja...]

--- 233 ---

[...m] wolu sampun sami tilêm ngalisêg, enjing sawêg tangi cawisanipun sampun sudhiya sarta lajêng dipun cakakên ing padamêlan malih makatên salajêngipun, botên antawis lami lajêng sami matuh wêkêl-wêkêl ngungkuli tiyang tani, sasampunipun siti malumah lajêng dipun tanêmi pantun, gaga, jagung, canthèl, kênthang sapanunggilanipun, sarêng sampun wanci sêpuh kadhawahan mêndhêti sarta lajêng kadhawahan numpuk wontên ing gudhang agêng salêbêting kunjara, sawêg angsal kalih môngsa, gudhang agêng mèh bêntêt, bajag tani botên mangrêtos karsaning nagari dene pamêdaling sabin namung dipun tumpuk kemawon, kacariyos bojoning bajag kathah ingkang sami ngêtutakên dhatêng nagari, nanging kaawisan botên kenging kapanggih kalihan ingkang jalêr, dados sami ngalambrang pados padamêlan wontên nagari sawênèh wangsul mantuk, tumuntên wontên dhawuh bojoning bajag tani kalilan kapanggih ingkang [ing...]

--- 234 ---

[...kang] jalêr, punika kados punapa ramenipun, tiyang èstri pintên-pintên èwu gumarubyug dhatêng ing kunjaran sami madosi bojonipun piyambak-piyambak, sarêng sampun tata kapanggih atêtangisan, pangagênging prajurit dhatêng ing kunjaran, angêdumakên kitir roning êtal kasêrat ing wali ing pinggir rinêngga ing sêsêkaran pari sawuli mawi ôngka urut kasêrat namanipun bajag tani satunggal-tunggal, sarta lajêng kadhawuhan yèn piyambakipun sadaya sami kalilan andarbèni wulu pamêdaling sabin ingkang katumpuk ing lumbung garapanipun piyambak-piyambak mawi kaangkanan urut cocog kalihan angkaning namanipun bajag tani satunggal-tunggal, sampun botên kenging winiraos bingahipun para bajag tani dene anggènipun kangelan ing salami-laminipun pamêdalipun ing dalêm sataun kaparingakên wêtah botên dipun êlong sakêdhik-kêdhika sarta lajêng sumêrêp yèn karsanipun [karsanipu...]

--- 235 ---

[...n] sang prabu namung amurih sae sarta mantunana lampah awon, para bajag tani lajêng kadhawuhan anglêstantunakên padamêlipun têtanèn anggarap bêngkokipun piyambak-piyambak, saha kaluwaran saking kunjara lajêng kadhawuhan gêgriya anyithaka wana kadamêl padhêkahan sasênêngipun, sarta sabên tiyang salawe semah: dipun dèkèki pangagêng satunggal, buyaring bajag tani saking pakunjaran manggèn ing sasênênge anggènipun adhêdhukuh piyambak-piyambak, sanalika katingal kados dhusun tiban. Adêging karaton ing pulo suwung misuwur ing ngamôncapraja, sarta sampun sami mirêng sirnaning bajag ingkang dêdunung ing rêdi ingkang ngongkang laut dening sang prabu ingkang jumênêng enggal, punapadene kawartos mirah sandhang mirah têdha, para kapila kados dipun byukakên sami dhatêng mardagang.

Sajumênêngipun sang prabu, radèn apatih ingandikakakên [ingandika...]

--- 236 ---

[...kakên] yasa anggêr-anggêring nagari, botên antawis lami sampun dados sarta lajêng kasaosakên konjuk, andadosakên parênging galihipun sang prabu, sarta lajêng ingandikakakên, anglimrahakên, suraosipun kados ing ngandhap punika:

Panjênênganingsun Prabu Wrêstibajra kang angrênggani kadhaton ing Candhipêndhêm, iya ing Pawana, kyating rat mêngku wadya gung, sumbaga wirotama, kang kagungan mas ore tanpa takêran, kang bisa anyuyudake bajag prawira mungsuhe para ratu ing ngalam dunya, sarta kang bisa ngimpun sumêbare wong pangalasan ngalumpuk padha dadi kawulaningsun wong tani, sarta kang kagungan patih bijaksana, awit saka kamurahaning dewa, ingsun jumênêng ratu kalawan pangangkate wadyabalaningsun bajag tani sarta wong pangalasan, sinantosan dening pêpatih ingsun, amurih

--- 237 ---

tata raharjaning praja, sira kabèh padha angèstokna unining layang anggêr-anggêr ingsun, supaya sira kabèh bisa sumingkir marang siasat ingsun, aja kongsi sira wani anglakoni panggawe ala. Suraosing anggêr-anggêr botên kacariyos, namung kacêkak nagari ing Candhipêndhêm gêmah aripah loh jinawi, tulus ingkang sarwa tinandur, botên wontên lampah culika.

Sang Prabu Wrêstibajra têtêp angrênggani candhi kadhaton ing pulo suwung inggih ing nagari Pawana, inggih ugi karan ing Candhipêndhêm, angratoni bajag tani sarta tiyang pawanan, sang prabu andumugèkakên karsa badhe palakrama, saha bilih sampun kalampahan, lajêng badhe nyawanakênnyowanakên. radèn apatih dhatêng ingkang rama Sang Prabu Timur, ngiras pantês nyuwun pangapuntên, sarta nyuwun lilah jumênêngipun ratu wontên nagari Pawana angsala pangèstunipun ingkang rama,

--- 238 ---

radèn apatih lajêng katimbalan ing sang prabu kadhawuhan ingkang dados karsanipun wau punika, radèn apatih sakalangkung jumurung, lajêng apradandosan sawadyabalakuswa saha sadêdamêling prang, botên antawis lami sampun samapta lajêng bidhal gumuruh swaraning bala anglur kados sela blêkithi, dumugi ing palabuhan baita prang sampun sadhiya, sang prabu lajêng nitih botên pisah kalihan radèn apatih, kêbut sawadyabala abêdhol jangkar, kêlabing bandera kados angenggalakên lampah, paksi laut ajêjodhon kèndêl ibêripun sumèlèh ing unthuking toya ingkang muncrat sinêrang ing baita, kombak kombul botên pisah, kados nyêmoni sang nawung brônta, pamilaring ulam cucut adamêl kagèting manah ngênglêng. Cinêndhak lampahing baita sampun dumugi ing palabuhpalabuhan. Indhu lajêng labuh jangkar, sang prabu têdhak ing dharatan botên karsa lajêng dhatêdhatêng. ing nagari

--- 239 ---

kèndêl wontên ing kabandaran atata pasanggrahan masang motha maliyobara. Sang prabu botên sarèh ing galih lajêng karsa damêl sêrat panglamar dhatêng Kyai Juragan Pôncawora, sarta lajêng kalampahakên ing abdi prajurit kêkapalan salangkung mawi têtindhih upsir satunggal, lampahipun asêsandêran, sakêdhap sampun dumugi ing griyanipun kyai sudagar, mudhun saking kapal lajêng sami malêbêt ing palataran, kyai sudagar nuju lênggah wontên ing pandhapa kagèt sumêrêp dhatênging prajurit kêkapalan mawi têtindhih upsir, panyananipun badhe manggih pakèwêd, enggal mudhun saking pandhapa angacarani dhatêng upsir wau sakarerehanipun malêbêt ing pandhapa, lajêng satata lênggah. Upsir lajêng andhawuhakên timbalanipun sang prabu. Têmbungipun:

Kyai juragan timbalan nata.

Ênggèh

--- 240 ---

Kyai juragan.

Kula.

Pakênira tômpa dhawuhing nata Sang Prabu Wrêstibajra ing pulo suwung, dhawuhing timbalan nata pakênira kapatêdhan sêrat.

Ênggèh.

Sêrat lajêng kawaos, têmbungipun:

Pèngêt, layang ingsun Sang Prabu Wrêstibajra, kang sudibya wirotama bisa angrusak wêwêrining jagad gêgolonganing bajag ing lautan kang padha ngrêrusuhi kawulaningsun kapila kang padha dagang layar, akadhaton saka pêparinging dewa ing Candhigêdhe kang sinamar, kang ing mêngko wus katon ngalela, sugih rajabrana tanpa wilangan uga saka pêparinging dewa, angratoni bajag tani lan wong alasan kang ing mêngko padha dadi sujana, sugih wiweka, sugih kagunan lan kaluwihan, warnaningsun bagus misih taruna sarta durung kagungan pramèswari, [pra...]

--- 241 ---

[...mèswari,] sanadyan misik wanodya: durung, dhawuha marang sira bapa juragan Pôncawora, kang misuwur kautamanira sarta linuwih kasugihanira, lan ingajenan marang sapadhaning kapila.

Liring layang, ingsun miyarsa pawarta kang kagawa saka ature para juragan kang padha mardagang marang nagaraningsun ing pulo suwung yèn sira duwe anak wadon pinunjul ing rupa durung duwe laki, aran Rara Erawati, iku yèn sêmbada kalayan atinira sakarone biyung juragan, sarta saka pangayubagyane para kadangira, Rara Erawati ingsun pundhut dadia pramèswariningsun, amêngkonana saisining kadhaton ing pulo suwung, pangrêp-arêp ingsun: karsaningsun anuwilagônda marang sira muga katampana kalawan pirênaning ati.

Kang iku bapa: ingsun mundhut kang dadi wangsulanira.

Tinulis ing pasanggrahan Maliyobara ...

Sang Prabu Wrêstibajra.

--- 242 ---

Kyai Juragan salêbêtipun maos sêrat nawala paringipun Sang Prabu Wrêstibajra, tansah carocosan kèngêtan dhatêng badhe mantunipun Jaka Bayu, panglocitanipun salêbêting manah, aku ora bungah duwe mantu ratu binathara kang gêdhe piangkuhe tinimbang karo wong cilik kang lêlabuhane kaya Jaka Bayu andhap asor lêmbut bêbudène sêpi ing piangkuh adoh marang pamrih, ratu iki apa bêcik tak enaki sarak, apa bêcik dak prasajani yèn anakku wis duwe pacangan, ingatase aku wong wis kawilang bêcik, apa isih nganggo ujar lamis, môngka wong samaya iku enggal lawas nganggo ana wusanane, têkaning ngêndon apa aku bakal goroh, kajaba gêmpale kautamanku nganggo nêmu ribêd ing bab gorohku, luput-luput sêmbire awakku bakal tumiba ing tiwas, balik aku prasaja ora awèh, apa ana pakewuh kang andadèkake [anda...]

--- 243 ---

[...dèkake] kabilaènku, ayake ora, awit ora ana laku pêksan sanadyan ratu iya isih ana sangisoring anggêr, dene awakku kayoman ing anggêr, kajaba yèn aku nalisir saka ing pangayoman, amêsthi malah winasesa saka luputku dhewe. Awit saka iku bêcik tak wangsuli prasaja bae. Priyantun upsir: dhawuhipun sang prabu ingkang kawrat ing sêrat sampun kula sumêrêpi trang, karsanipun sang prabu amundhut anak kula pun Rara Erawati, dados pramèswari nata, punika pantês kula tampèni kalayan kaurmatan agêng saha pantês kula sungga-sungga ing salami-laminipun, awit punika ingkang nama kabêgjan agêng prasasat kula kaêntas saking siksaning naraka dhatêng ing suwarga. Sarèhning kula sampun sagêd amastani ingkang makatên, dados kula inggih sagêd amastani awon saening manungsa ingkang oncat sarta ingkang têtêp wicantênipun, [wicantênipu...]

--- 244 ---

[...n,] dene tiyang ingkang taksih sagêd oncat wicantênipun, sanadyan kaluhuranipun angungkuli langit, punika taksih kasor kalihan tiyang ingkang têtêp wicantênipun. Awit saking punika mugi sampun andadosakên duka saha cuwaning galihipun sang prabu, kula botên sagêd ngaturakên anak kula pun Rara Erawati sanadyan kapundhut dados pramèswarining nata, amargi sampun katrucut wicantên kula: pun Rara Erawati wau sampun kula pacangakên kalihan rencang kula tumbasan nama Jaka Bayu, sapunika sawêg kula kèngkèn mranata padagangan sarta angulêm-ulêmi dhatêng para sudagar pitêpangan kula. Dene mênawi wontên dukanipun sang prabu agêngipun adamêl karisakan kula, punika dede punapa-punapa ingatasipun kula, awit kula dèrèng oncat saking têlênging manah lêrês, amung punika atur kula.

Upsir prajurit sinêlir anjêngêr midhangêtakên atur [a...]

--- 245 ---

[...tur] wangsulanipun kyai juragan, ananging botên sagêd amaoni dhatêng tekadipun kyai juragan anggènipun ngantêpi ujar ingkang sampun kawêdal, upsiring prajurit sinêlir pamit lajêng nulak wangsul, gêgancangan lampahipun enggal dumugi ing pasanggrahan Maliyobara, sarta lajêng matur sarèhing lampah kautus, miwiti malah amêkasi. Ciptaning upsir sang prabu amêsthi lajêng andhawuhakên dêduka awit tinampik panglamaripun: punika botên, sang prabu malah katingal pirêna ing galih midhangêtakên kumapuruning atur wangsulanipun kyai juragan, malah lajêng nimbali Radèn Apatih Bajrarumung, kèrid lampahing utusan, sarta lajêng dipun pangandikani ing bab wau punika, radèn apatih inggih botên katingal nêpsu, malah katingal bingah, upsiring prajurit saya bingubingung. manahipun, awit tansah lêpat tangguhipun, sarta botên sumêrêp ingkang dados sababipun. [sababi...]

--- 246 ---

[...pun.]

Sang prabu têdhak ing kamar panyêratan, radèn apatih kakarsakakên andhèrèk, botên wontên abdi sanèsipun, sang prabu ngandika: Kakang, aku bungah bangêt midhangêtake aturing upsir mau, dene ramakmu kyai galihe isih kêncêng durung ana owah-owahe, ora mèlik marang kamulyan gêdhe kang nyimpang saka ing laku bênêr, karêpku mêngko surup, kowe takjak nyamur mulih nglugas raga tanpa rewang manèh.

Radèn apatih gumujêng sarwi matur, gusti: cocog kalihan osiking manah kawula.

Sarêng wanci pukul 7 sontên, sawêg tanggal kaping 5 rêmbulan sampun katingal ngayom, sang prabu têdhak kadhèrèkakên radèn apatih nilapakên ingkang para abdi, sang prabu sampun botên kasamaran tindakipun, sarêng dumugi ing palataran pagriyanipun kyai

--- 247 ---

juragan botên katingal lênggah kados sabênipun, tindakipun sang prabu lajêng kemawon anjujug ing panêpèn, kyai juragan kapanggih lênggah pitêkur angèngêt-èngêt kadadosaning lampahipun Jaka Bayu dene tanpa warti punapa kasêngkala wontên ing margi sarta anggagas lêlampahanipun ingkang putra piyambak Jaka Erawana anggènipun kesah tanpa pamit, wusana pikantuk kabar bêbaratan yèn kesahipun wau dhatêng nagari Marutamanda angadêgi sayêmbara pamulyaning gêrah, dèrèng dumugi panglocitaning manah kasaru dhatêngipun sang prabu lajêng pinarak ing ngajêngipun kyai juragan, Jaka Erawana lênggah ing kajogan, kyai juragan botên pandung dhatêng warnanipun sang prabu: lajêng dipun rangkul sarwi nangis, wicantênipun: Ora nyana kowe nuli têka, pacangamu Si Rara Erawati disawèni ing ratu kinawasa luput-luput bakal winisesa, tujune kowe nuli têka. Salêbêtipun [Salêbêtipu...]

--- 248 ---

[...n] sang prabu dipun rangkul sarta dipun tangisi suka salêbêting galih, lajêng matur, dhatêng kula punika kalihan putra sampeyan Jaka Erawana lênggah wontên ing kajogan punika, kyai juragan sarêng mirêng pangandikanipun sang prabu yèn rawuhipun kanthi Jaka Erawana saya sêru panangisipun sarta lajêng angrangkul dhatêng Jaka Erawana sarwi sêsambat anakku Erawana kang tak trisnani têrus ing ati ya gene kowe tega ninggal aku, kabungahaku ana ing dunya mung yèn nonton rupamu môngka aku kotinggal, prasasat aku kopêksa ngombe wisa mandi supaya aku nuli luluh awor lan bumi, Jaka Erawana karaos lêpatipun teganipun anilar tiyang sêpuh tanpa pêpoyan, kèlu nangis anggalolo ngantos kêmirêng dhatêng Rara Erawati ingkang panuju nganggit sêkar wontên ing gêdhong wetan, pamirêngipun Rara Erawati têtela botên anggadhahi samar yèn sêsambating bapa anangisi [a...]

--- 249 ---

[...nangisi] anak, inggih punika sadhèrèkipun Jaka Erawana ingkang kesah angadêgi sayêmbara: dhatêng, botên sarônta lajêng mêdal gapyuk angrangkul pêngkêranipun sang prabu sarta dipun tangisi, awit dipun nyana môngsa dedea punika ingkang sadhèrèk, mokal mênawi lênggaha ing kajogan, sang prabu dipun arasi pêngkêranipun kèndêl kemawon, malah lênggah andhêkukul, pangangkahipun sagêda mêntog pandhukuling rêdi kêmbar, pêngkêranipun sang prabu gupak luh botên dipun raos, namung anggalih pikantukipun ngosodakên pêngkêran ing rêdi kêmbar (kados maenda jawi rêmên kosod) tanganipun Rara Erawati ingkang rumangkul ing jôngga: dipun uwik-uwik, lajêng dipun arasi (benjing mênawi pêputra dêlap) kukunipun amawa cahya pating karêlip, dipun pèjèti, sang ayu anggraita, ya gene sadulurku duwe patrap ora barès, saya [sa...]

--- 250 ---

[...ya] kêndho pangrangkulipun, wusana sumêrêp yèn kyai juragan wontên ing kajogan angrangkul Jaka Erawana, dene ingkang dipun rangkul punika Jaka Bayu, kados punapa kemawon lingsêmipun Rara Erawati, nyat ngadêg saking ing ngriku lajêng malêbêt ing gêdhong atutup kontên, botên mêdal-mêdal.

Kyai juragan pancèn sampun sumêrêp kalintuning pangrangkulipun Rara Erawati: dhatêng Jaka Bayu, nanging dipun kèndêlakên kemawon, sirêping tangis lajêng sami lênggahan satata, kasaru dhatêngipun nyai juragan saking gandhok mêntas nata dhaharan, mirêng rame-rame lajêng dhatêng, punika wiwit rame malih ngantos alantik-lantik tangisipun nyai juragan, sasirêping tangis, kyai juragan wicantên, mêngko ta: bokne aku arêp caturan karo anakmu sakarone pitakon lêlakone dene nganti padha lungse ing môngsa gone lêlungan, tanpa warta pisan-pisan, [pisan-pisa...]

--- 251 ---

[...n,] barêng têka jêdhul bocah loro tanpa paliwara.

Jaka Erawana lajêng nyariyosakên lêlampahanipun anggènipun ngadêgi sayêmbara pamulyaning gêrah angsal damêl sarta angsal ganjaran kaangkat dados adipati kapacang jatukramanipun sang putri lajêng lêlayaran mantuk lajêng kacêpêng ing bajag kabêkta dhatêng ing pulo suwung: sigêg.

Sang prabu gêntos nyariyosakên lêlampahanipun, amrasajakakên yèn sariranipun punika Pangeran Prakêmpa putranipun Sang Prabu Timur ingkang misuwur ing jagad, nyulayani karsanipun ingkang rama alampah among dagang kabegal ing bajag karampas barang gagunganipunkagunganipun. sadaya lajêng kabêkta dhatêng pulo suwung, sarta lajêng kasade dhatêng-dhatêngdhatêng. mriki santun nama Jaka Bayu, dados kiyangtiyang. têtumbasan katrimah lajêng badhe kapêndhêt mantu sarta lajêng dipun kèngkèn mranata padagangan, [pa...]

--- 252 ---

[...dagangan,] kabegal ing bajag malih kabêkta dhatêng ing pulo suwung wau, punika tunggilipun kalihan Jaka Erawana, wontên salêbêting kunjara tumuntên anjêbol kunjara minggat dhatêng ing wana lajêng lampah among tani, wusana manggih candhi kadhaton, lajêng jumênêng nata, ajêjuluk Prabu Wrêstibajra, Jaka Bayu kaangkat dados pêpatih nama Adipati Bajrarumung, lajêng tindak anglamar kèndêl wontên pasanggrahan Maliyobara, lajêng utusan upsir kapanggih kyai juragan, wusana sang prabu lajêng nilip tindak piyambak namung kalihan radèn apatih kapanggih kyai juragan ing sontên punika. Satamating cariyosipun sang prabu: kyai juragan lajêng sila makidhupuh angasih-asih aturipun, dhuh gusti sapintên kalêpatan kawula dene ngantos katambêtan dipun ngèngèri ing gusti: bilih botên wontên pangapuntên paduka.

Bapa: aja walangati, malah aku rumasa durung bisa

--- 253 ---

malês ing kadarmanamu, aku isih eling wenteh-wentehan gonku dadi wong tukon, luware saka pitulunganamu, mulane kalawan lilane atimu sakarone si biyung, yayi Erawati sida dak pundhut dadia pramèswariku amêngkoni kadhaton ing pulo suwung, iku kang minôngka dadi wêwalêsku marang kadarmanmu ing salawas-lawase.

Gusti: kawula botên gadhah wicantên kêkalih têtiga, rumiyin mangke kawula sampun anglilahakên anak kawula Rara Erawati dhaup kalihan Jaka Bayu sampun malih sapunika dhatêng malihanipun Jaka Bayu ingkang sampun jumênêng pêpakuning bumi ing pulo suwung botêna saya ngaturakên.

Bapa: apa kang pinikir manèh saiki nuli mirantia uparêngganing pikramaku, sarta aku bakal ngatur-aturi para ratu lan para panggêdhe ing tanah Indhu kene, omahmu wus prayoga dadi kadhatoning [kadhato...]

--- 254 ---

[...ning] ratu, mung kari amuwuhi rêrêngganing têtuwuhan bae, ora susah pikramaku ana ing kadhaton pulo suwung, mundhak kronehan tur padha bae. Tak arah bisaa kalakon sajrone sasi iki.

Kyai juragan enggal apêparentah samêktanipun abon-aboning pangantèn. Umyung têtiyang ingkang sami nyambut damêl. Para wadyabala ing pasanggrahan Maliyobara sampun bidhal dhatêng griyanipun kyai juragan, sami sanalika ing ngriku apindha kadhaton.

Kacariyos Rêtna Erawati, ingkang taksih wontên salêbêting gêdhong botên mêdal-mêdal, dipun uwuh ingkang ibu nyauri, nanging botên karsa amêngani kontên, dados namung ingêntosan salintiripun kemawon, sang rêtna anjarêm salêbêting panggalih sêrik dhatêng Sang Prabu Wrêstibajra, anggènipun sang prabu murang tata angosodakên pêngkêranipun ing

--- 255 ---

prêmbayun, sangêt merang ing galih sirna trêsnanipun ingkang wau-wau, malah linintu gêthing, ewa saparipolahipun, ciptaning galih môngsa kalakona kowe mêngku marang aku, kang tak edani apa kurang ajarmu, he: wong kang ora duwe wirang dingati-ati bakal pamalêsku ing têmbe, kokira aku wong wadon kang tanpa budi kojawil sumrinthil, ora sumurup yèn aku putus ulah prang môngsa kangelana mocok utamanggamu, ratu bodho kang kaya kowe ora duwe kaluwihan, dadimu ratu ora saka kaskayamu dhewe saka panjunjunge sadulurku. Sang ayu lajêng angrasuk busana kaprajuritan, mêdal saking gêdhong botên wontên ingkang nyumêrêpi, lêpas lampahipun.

Ing wanci enjing kontêning gêdhong katingal mênga sang rêtna pinanggih sêpi, kinintên mênawi dhatêng pasiraman, dipun upadosi botên wontên, dipun uwuh [u...]

--- 256 ---

[...wuh] botên sumaur, parêkan cèthi sami opyak yèn sang rêtna murca saking pagulingan, kyai juragan sarta nyai juragan dhatêngipun angrumiyini, sang prabu sarta radèn apatih lajêng sami anututi otêr tangisipun tiyang salêbêting kadhaton. Nyai juragan ngantos kalêngêr, dipun imur-imur dhatêng ingkang jalêr, èngêtipun lajêng nangis malih asêsambat takèn anakipun, saya ribêt manahipun kyai juragan, tidhêm tiyang sakadhaton, sang prabu lajêng amatah abdi juru panginte, tarkanipun sang prabu: sang putri amêsthi dhinustha ing duratmaka utusaninutusane. ratu ing Ngindhu. Sang prabu kacuwan ing karsa tansah anutuh sarira rumaos yèn dèrèng angsal pangapura. Utusanipun sang prabu cabar botên wontên ingkang sami angsal damêl. Sang nata atajin dhahar nendra sariranipun ngantos gagrakusika, ing wanci lingsir dalu angsal sasmitaning dewa: kamirêng salêbêting luyut, he Prakêmpa:

--- 257 ---

pacanganira nini Erawati ora bisa katêmu saka sira upaya, nanging yèn wus mangsane timbul: têka ana ing ngarêpira, ora kanyanan pisan-pisan, sira sumurupa yèn karêpira palakrama andhisiki bakyunira, iku ora bênêr, awikawit. bakyunira ora gèthèk ora ciri arêp sira langkahi, mulane sira kasiku ing dewa kang linuwih, ing mêngko sira muliha marang ing Marutamanda, nyuwuna ngapura marang ramanira kaki Prabu Timur sarta marang eyang-eyangira kakung putri, lan nyuwuna idi jumênêngira nata ana ing pulo suwung, bakal maratuwanira dadia pêpatihira, dene kakangira Jaka Erawana balèkna pangkate lawas dadi adipati pamonge bakyunira, yèn sira ngèstokake sapawêkasku: amêsthi sira nêmu raharja. Sang prabu kagèt wungu sare taksih èngêt wenteh-wentehan sasmita ingkang kapiyarsa, nalôngsa salêbêting galih tobat [to...]

--- 258 ---

[...bat] dhatêng ing rama ibu sarta ingkang eyang-eyang.

Ing wanci enjing sang prabu lajêng nimbali kyai juragan sarta radèn apatih, dipun pangandikani yèn sang nata angsal sasmitaning dewa, lajêng kaandharakên urut botên wontên ingkang kalangkungan, sang prabu angandika, bapa: utawa kowe kakang sarèhning gonku jumênêng nata mung sadêrma awit saka pangangkate anakmu kakang patih, mulane prakara iki aku mung sumarah apa sakarêpmu lan karêpe kakang patih, aku mung bakal manut miturut.

Kyai juragan, gusti kados botên wontên sayoginipun malih kajawi namung ngèstokakên sasmitaning dewa, sapunika lajêng bidhal kondur dhatêng ing nagari Marutamanda. Makatên malih ingatasipun kawula supe dhatêng kawibawan ingkang kawula lampahi bilih angèngêti Rara Erawati ingkang dados têlênging manah kawula ical botên kantênan purugipun.

--- 259 ---

Radèn apatih, gusti kados prayogi sasmitaning dewa lajêng dipun èstokakên, awit sadaya ingkang kawêcakakên botên nalisir saking nalar.

Sang prabu lajêng lênggah sinewaka pêpak ingkang para abdi, Radèn Apatih Bajrarumung kalungsur kalênggahanipun wangsul kados pangkatipun lami Adipati Erawana, ingkang kakarsakakên anggêntosi ingkang rama radèn apatih piyambak: Kyai Juragan Pôncawora, kaparingan nama Kyai Adipati Sindhungkara, lajêng dipun byawarakakên dhatêng ingkang para abdi sadaya, sarta lajêng apradandosan sakulawarga sadaya, bidhal dhatêng nagari Marutamanda nitih baita kapal prang lêpas lampahipun.

Kacariyos Dèwi Erawati pangagêmanipun cara kakung langak-langak langkung ing margi sariranipun sumorot jênar pindha parada binabar, sêpên sambekalaning margi dening tinarka kakung malah kathah para wanita kapencut [kape...]

--- 260 ---

[...ncut] ngêtutakên ing tindakipun, sang pindha kakung malêbêt dhatêng sakèthènging kitha anjujug pangagênging prajurit, dipun pitakèni damêlipun, amangsuli mênawi kalêbêt badhe malêbêt dados prajurit.

Komandhan pikakèn,pitakèn. jênêngmu sapa lan omahmu ing ngêndi.

Nama kula Jaka Urur griya kula taksih tumut tiyang sêpuh kula tiyang ing kampung salêbêting nagari.

Apa wis andadèkake lilane wong atuwamu kowe malêbu prajurit, awit awakmu katon ringkih, kaya pawakane wong wadon, ora kêlar nyôngga pagawean abot.

Bapa biyung kula sampun anglilahakên kula malêbêt dados prajurit sarta sampun dados kêkêncênganing manah kula, dene bab karosan dede bêbahanipun manusa utami sarta botên kalêbêt kêkudanganipun têtiyang sêpuh kula, sanadyan karosan kula angungkuli [angungku...]

--- 261 ---

[...li] karosaning maesa, mênawi manah kula kados maesa inggih botên kalêbêt dados prajurit.

Komandhan eram salêbêting panggalih mirêngakên patitising wangsulanipun Jaka Urur. Dipun dugèkakên pitakènipun: ya gene kowe ora malêbu dadi panakawan, utawa carik kawulaning praja iku luwih prayoga ingatase kowe, tinimbang malêbu dadi prajurit.

Kasênênganing manungsa botên kenging dipun jiyad ing sanès: kajawi kawisesa, sarèhning kula botên kawisesa mila kula wênang milih sasênêng kula piyambak, punika mênawi pangagênging prajurit sagêd ngagêm ing damêl kula.

Apa owekowe. wis tau ulah gêgaman.

Dèrèng, malah nyêpêng kemawon dèrèng nate.

Iku saya agawe eraming atiku yèn wong duwe tekad durung sumurup marang kang dikarêpake.

--- 262 ---

Punapa kasagêdaning manusa namung saking blilu tau, botên kenging kajangkah saking wêninging budi sinau saking wêwarahing para senapatining prang ingkang sampun sami misuwur asmanipun kawrat ing dalêm sêrat-sêrat anggitanipun.

Apa kowe wis maca layang-layang iku.

Sampun.

Apa kêna tak dadar.

Sumôngga.

Komandhan lajêng amaringi pêdhang dhatêng Jaka Urur kakarsakakên anggar kalihan kalerehanipun upsir.

Pasang gêlaripun Jaka Urur beda kalihan pangajaran tanah Indhu, ingkang tinelad pangajaran tanah ing Bagêdat, katingal rênggang nanging botên kenging sinusupan, adamêl eraming pandulon, lajêng wiwit main. Botên ngantos sapanginang upsiripun sampun [sa...]

--- 263 ---

[...mpun] kalindhih ngantos kaping tiga inggih tansah kalindhih-kalindhih kemawon, komêndhan karêmênên ningali alusing pamainipun Jaka Urur, panyêpêngipun pêdhang palikêt, panakisipunpanangkisipun. rikat kados kilat dipun sarêng kalihan dhawahing pamalêsipun, sumêrêp-sumêrênsumêrêp-sumêrêp. sampun kenging. Tumuntên santun pangajaran sanjata, miturut aba tanpa winaonan, komandhan sakalangkung pirêna ing galih, kalajêngakên pandangunipun: aku ora ngandêl marang kandhamu yèn durung tau nyêkêl gêgaman, môngka kawasisamu wis ngungkuli upsir têtêlu.

Kula sumôngga ananging ingatasipun tiyang burus ing manah têbih wicantên dora, doraning atur dados wisaning gêsangipun, makatên ugi kula ing sasagêd-sagêd namung badhe wicantên sayêktosipun, utawi kèndêl.

Komandhan tansah eram ing galih midhangêtakên [midhangêtakê...]

--- 264 ---

[...n] pratitising wangsulanipun Jaka Urur, Jaka Urur sampun katampèn lêbêtipun dados prajurit, enggal inggah ing pakatipun,pangkatipun. awit kawasisanipun angungkuli samining kônca-kancanipun prajurit, gathekan sangêt anampèni piwulang, sarêng sampun pangkat upsir saha misuwur namanipun, punapadene sampun kauningan ing sang prabu, malah sampun piniji ing damêl amapas karaman agêng, dados têtindhihing prajurit, karaman kathah ingkang bôngga kèlês botên sagêd lawan, saya kanggêp pasuwitanipun Jaka Urur.

Gêntos kacariyos tindakipun Prabu Wrêstibajra lêstantun sampun dumugi palabuhanipun nagari Marutamanda, lajêng labuh jangkar, karsanipun sang prabu botên mawi angaturi uninga rumiyin dhatêng ingkang rama, mindhak adamêl kagèt, lajêng badhe sowan kemawon, ananging sumêbaring pawartos enggal kauningan [kau...]

--- 265 ---

[...ningan] ing Sang Prabu Timur, yèn ingkang putra Pangeran Adipati Prakêmpa: kondur, saha sampun jumênêng nata wontên ing pulo suwung ajêjuluk Maha Prabu Wrêstibajra, ingkang andhèrèkakên Adipati Erawana, sarta bapakipun dados pêpatihipun Sang Prabu wrêstibajra, nama Adipati Sindhungkara. Sang Prabu Timur gugup ing galih karsa mêthuk piyambak ing rawuhipun ingkang putra sarta ingkang badhe mantu, awit sampun lungse ing panganti wusana dhatêng piyambak tanpa cêcala. Tindakipun sang prabu namung kadhèrèkakên ing abdi salêbêting kadhaton ingkang panuju saos, Sang Prabu Wrêstibajra sampun bidhal saking palabuhan, dèrèng têbih sumêrêp yèn ingkang rama katingal mêthuk, sang prabu gurawalan amlajêngi ingkang rama tundhuk angrungkêbi pada sarwi lara karuna kados sêsambating wanodya. saha matur: gusti kawula nyuwun pangapuntên paduka anggèn kawula kamipurun amaoni [amao...]

--- 266 ---

[...ni] karsa tuwan, kawula sampun tobat, botên malih-malih anglampahi padamêlan ingkang nyimpang saking kautamèn, botên mungguh ingatasipun putraning ratu, Sang Prabu Timur tansah nênggak waspa kalihan tansah angrangkul jangganipun ingkang putra, pangandikanipun: wis kulup aja sira rasakake lêlakon kang wus sira têmu, balik ing mêngko wis padha nêmu raharja: payo nuli kondur marang kadhaton, katêmua ibu lan bakyunira, sang prabu lajêng kondur angadhaton kadhèrèkakên ingkang putra. Radèn Adipati Erawana wangsul dhatêng padalêmanipun lami sarta ingkang rama Kyai Patih Sindhungkara. Sarawuhipun sang prabu ing kadhaton saya udan tangis, sambatipun pramèswari Dèwi Sumilir kados calapita, tangèh mênawi kacariyosna wênganing suka ingkang nêmbe pinanggih amêngkêrakên duhkita ingkang lumèngkèt ing manah salami-laminipun.

--- 267 ---

Cinêndhak antawis sampun wontên sawulan laminipun Sang Prabu Wrêstibajra rawuhipun wontên ing Marutamanda, anuju satunggil dintên Sang Prabu Timur lênggah ing panêpèn kalihan ingkang garwa, ingkang putra Sang Prabu Wrêstibajra: katimbalan, dangu sang prabu anggalih sayogining karsa ingkang badhe kadhawuhakên dhatêng ingkang putra, wusana ngandika: kulup sarèhning ingsun wus tuwa kapengin kaya eyang-eyangira magawan ana ing aldaka karo ibunira, ing mêngko karsaningsun liru patra tôndha nama maune marang bokayunira saiki marang sira, masrahake kaprabon kang dadi wajibira nampani aliwaris saka lêluhurira.

Kawula nuwun gusti, sakalangkung panuwun saha pamundhi kawula sih wilasa tuwan dhumatêng kawula, namung mugi sampun andadosakên dêduka mênawi kalilan kawula badhe angèstokakên wangsiting dewa jumênêng ratu wontên ing pulo suwung, awit ing ngriku marginipunTeks asli: 168. [marginipu...]

--- 268 ---

[...n] sagêd kawula kapanggih kalihan pacangan kawula Rara Erawati anakipun Bapa Patih Sindhungkara, awit saupami kawula botên sagêd panggih kalihan pacangan kawula ingkang sampun kalêbêt ing manah botên sagêd supe-supe, kados kawula badhe linglung ing salami-laminipun, kajawi ingkang sapunika: kawula sampun nate dosa ing panjênêngan paduka, ngantos kalorod saking kaluhuran kawula pangeran adipati anom. Kaping kalih panjênêngan paduka sampun amaringakên kaluhuran kawula wau dhatêng kakang êmbok, bokmênawi adamêl mêsguling manahipun kakang êmbok, karsa paduka wau mugi kalêstantuna ing têmbe sumèrèn paduka dhatêng kakang êmbok, dene kawula sampun narimah jumênêng ratu alit wontên ing pulo suwung kabawah ing nagari Marutamanda acaos bulubêkti dhatêng panjênêngan paduka utawi dhatêng kakang êmbok bilih sampun jumênêngTeks asli: 169.

--- 269 ---

ratu, saha panuwun kawula mugi wontêna karsa paduka: tumuntên miwaha dhumatêng kakang êmbok, amargi kawula rumaos kapotangan sangêt dhatêng kakang Adipati Erawana, jumênêng kawula ratu saking pangangkatipun pun kakang, saha supados kawula sagêd angraosakên suka parisuka pikramanipun kakang êmbok, mupung kawula taksih wontên ngriki, dèrèng mantuk dhatêng ing pulo suwung. Kados carita aturipun Sang Prabu wrêstibajra dhatêng ingkang rama Sang Prabu Timur.

Sang Prabu Timur dangu kèndêl botên ngandika anggalih lêkasing karsanipun ingkang putra, dipun tintingi salêbêting batos: Kathah lêrêsipun, wusana ngandika: kulup, sarèhning wis dadi kêncênge karêpira ingsun mung sumarah bae nanging sabên tanggaping warsa aja tan ora sira sebaa marang panjênêngan ingsun, ora saka ingsun kapengin nampani bulubêktinira, malah ingsun ora karsa tômpa nanging sira elinga yèn [yè...]

--- 270 ---

[...n] putraningsun kakung mung sira dhewe, dene panuwunira nuline dhaup bokayunira, iku luwih prayoga. Sang prabu jêngkar saking ing panêpèn lajêng sinewaka animbali Radèn Apatih Samirana, ingandikakakên tata-tata badhe pamiwahaning putra sarta kadhawuhan angulêm-ulêmi dhatêng para ratu ing amôncapraja, prêpêking damêl sakalangkung umyung, ing alun-alun makajangan, para punggawa sami suka-suka, kathah têtingalan ingkang nêngsêmakên, pangantèn kakung putri sampun wiwit kasêngkêr, sarta para tamu sampun wiwit dhatêng, sakalangkung agêng pikramènipun sang raja putri ingkang binadhe raja, ing kadhaton tansah bujana minum, kados gêrah swaraning tiyang dumugi dintên panggihing pangantèn, saya rame mawurahan, tumuntên kadhaupakên, kaestrenan para ratu pinisêpuh, saha lajêng satata lênggah sarta lajêng sami dipun ngabêktèni, lajêng sami wangsul pinarak ing pandhapa malih andumugèkakên [a...]

--- 271 ---

[...ndumugèkakên] suka parisuka, ngantos wolung dintên ing kadhaton bojana andrawina. Kyai Patih Sindhungkara kados tiyang bingung nyumêrêpi kamulyaning anakipun sang pinangantèn, sintên ingkang sagêd nyana yèn anaking juragan winiwaha wontên salêbêting kadhaton, botên kacariyos sapatêmoning kakung lan putri rukun arêrentengan, kados mimi lan mintuna adamêl sêngsêmipun ingkang sami ningali, ingkang rama ibu sakalangkung êntyarsaning galih, dumugi kawan dasa dintên bojana sawêg luwaran.

Kacariyos Sang Prabu Wrêstibajra botên sagêd nayuti ardaning brangtanipun dhatêng Dèwi Erawati, tansah katingal wontên salêbêting supêna, lajêng matur dhumatêng ingkang rama ibu nyuwun lilah kondur dhatêng pulo suwung, angèstokakên wangsiting dewa sagêdipun kapanggih kalihan Dèwi Erawati yèn Sang Prabu Wrêstibajra sampun kondur ing pulo suwung, mila ing galih [ga...]

--- 272 ---

[...lih] kasêsa bokbilih ingkang dados panggalih kasêlak dhatêng amêningi suwêng, botên sande badhe dados damêl malih.

Sang Prabu Timur sarta pramèswari sami kamiwêlasên ing galih midhangêtakên aturipun ingkang putra Prabu Wrêstibajra, wusana anglilani ing pamitipun, namung kawêling sampun nyupèkakên ing sabên tanggap warsa kadhawuhan sowan saos bêkti: dipun kangêni. Ingkang putra nyandikani kalayan têmên-têmên.

Sang Prabu Wrêstibajra kadhèrèkakên Kyai Patih Sindhungkara, bidhal sawadyabala kondur dhatêng ing pulo suwung, lêstantun lampahipun rawuh ing kadhaton botên amanggih pakèwêd, sang prabu lajêng amranata prakawising nagari, kyai patih kirang nyêkapi dhatêng pangrèhing among praja, awit dèrèng nate nglampahi, beda kalihan ingkang putra, purunipun dados êmbanan namung kapêksa saking wasitaning dewa,

--- 273 ---

awit saking punika sang prabu kapêksa nyarirani piyambak, dados pangagênging pangadilan amancasi prakawis sarta dados têtindhihing bala têtiyang wanan sarta bajag tani, ginulang ulah pêrang kados kala Adipati Erawana, tumindakipun kalayan prihatosing galih pêcah kalih kidhung dening koncatan patih wicaksana sarta susah kèngêtan murcanipun sang ayu Erawati.

Gêntos kacariyos ing nagari Indhu, mirêng pawartos yèn pulo suwung wontên ingkang jumênêng ratu, akadhaton ing Candhipêndhêm, angratoni bajag sarta tiyang wanan karsanipun sang prabu: karaton Candhipêndhêm ingandikakakên ngrisak, sampun ngantos kalajêng-lajêng andarbala, bokmanawi ing têmbe angrêriwug wêwêngkoning karaton Indhu mindhak adamêl susah sang prabu adhêdhawuh kinèn anglurugi, ingkang kapatah dados senapatining prang upsir Jaka [Ja...]

--- 274 ---

[...ka] Urur, sanadyan taksih nèm sarta taksih apangkat upsir, nanging sang prabu sakalangkung pitados masrahakên padamêlan awrat saha ingkang gawat dhatêng upsir Urur wau, saha upsir Urur dipun êbang bilih sagêd angêntasi damêl sapisan punika amêsthi badhe nampèni kamirahanipun sang prabu: pangkat agêng narik dhatêng kaluhuran ingkang pantês ingaji-aji dening têtiyang ing nagari Indhu, upsir Urur kados dipun unggar manahipun, dhasar wantêr sudibya wirotama. Sarêng sampun samêkta lajêng bidhal, lêstantun lampahipun dumugi palabuhanipun pulo suwung lajêng alabuh jangkar. Upsir Urur sampun sumêrêp dhatêng ingkang jumênêng ratu, ciptaning manah namung sagêda malês ukum ing kirang ajaripun, botên pisan anggadhahi cipta nambut silaning akrama malah sangsaya sangêt pamadosing sariranipun sampun ngantos kajodheran, sarta sampun narimah wahdat tanpa [ta...]

--- 275 ---

[...npa] krama, saha sampun sênêng ulah kaprawiran dhasar sampun tinêtêpakên dados senapatining prang anindhihi prajurit sinêlir, Upsir Urur lajêng amatah cundaka nonjok sêrat panantang, sampun ngantos kuciwa anglampahi tindaking senapati nistha, cundaka kêkalih sami numpak kapal arêrikatan, enggal dumugi ing kadhaton Candhipêndhêm, sang nata nuju miyos sinewaka, pêpak andhèr ingkang wadyabala, kyai patih wontên ing ngarsa, sang prabu awas tumingal yèn wontên cundaka kêkalih, ing galih ragi kumêdhap mênawi cundakaning mêngsah nêlukakên panjênênganipun, sintên ingkang badhe dados andêl-andêling prang kajawi namung sariranipun piyambak, cundaka kêkalih mudhun saking kapal, lajêng ing lampahipun nuju ing panangkilan, para punggawa sami cingak sadaya, cundaka lajêng matur tètèh atitih botên lirip kinêpang ing tiyang sapanangkilan, têmbungipun, sang

--- 276 ---

prabu: kula ingutus gusti kula senapatining prang ingkang anindhih prajurit sinêlir ing Indhu, apêparap, Urur, ingkang misuwur asmanipun pinunjul ing bumi, saking kawantêran sarta kasudiranipun prang, amaringakên sêrat dhumatêng sang prabu.

Sêrat katampèn ing sang prabu lajêng kawaos, têmbungipun:

Pèngêt, layang manira kusuma Urur senapatining prang kang dadi panguyunane para prajurit sinêlir ing Indhu, kang wus misuwur ing jagad wiryawan sêkti môndra guna, bisa manjing ajur ajèr, kawêntaring kawantêran sarta kasudiran manira agawe kêkêsing mungsuh, satêmah padha sumêmbah makidhupuh ora kalawan manira gitik ing prang, dhawuh amarang pakênira ratu nistha kang ora duwe kasêktèn pisan-pisan, kang gêlêm nyêbut: Prabu Wrêstibajra.

Liring layang: panjênêngane ratu manira midhangêt pawarta [pa...]

--- 277 ---

[...warta] yèn pakênira jumênêng ratu ana ing pulo suwung mung kalawan pangangkate patih pakênira anake juragan Pôncawora ing Ngindhu, ora saka kaskaya pakênira dhewe, iku agawe ênêke para prawira ing Ngindhu, dêlap-dêlap pakênira urip, nampani kawibawan ora kalawan tinuku ing prang, ing mêngko karsane sang prabu pakênira ingandikakake nglorod, balia dadi kuli kaya batur tukon manèh, yèn pakênira ora nutut amêsthi tugêl gulu pakênira pinangan ing pêdhang manira.

Sang Prabu Wrêstibajra kados tinêpak ing wong wasuryanipun,pasuryanipun. dèrèng dumugi pamaosipun: sêrat sinêbit-sêbit sarwi ngandika: kongkonan, tutura karo Si Urur sakarêpe tak tadhahi, layake ora cuwa gandhèng kunca karo aku. Caraka lajêng nulak wangsul, matur ing gustinipun: Kusuma Urur, yèn Sang Prabu Wrêstibajra badhe amapagakên [amapaga...]

--- 278 ---

[...kên] prang.

Sang Kusuma Urur ringas pasuryanipun, enggal adhêdhawuh dhumatêng ingkang para wadya, kinèn ngrisak sarta ambêbahaki padhusunan têpis iring praja, kathah ingkang karisakan, têtiyangipun sami ngili dhatêng ing kitha, saha adamêl gègèring nagari.

Kyai Patih Sindhungkara sampun samêkta sawadyabala kuswa sami asikêp dêdamêl, cucuking baris sampun bidhal dhatêng sajawining kitha, pêthukan cucuking baris, ing Ngindhu lajêng campuh prang sakalangkung rame, sampun kathah longipun ingkang pêjah, Kusuma Urur masang gêlar tiga warna sumusup tasik, barisipun katingal mandhêlong, bala ing Candhipêndhêm ngêsuk rumujak badhe numpês mêngsah, botên sumêrêp bilih panjawat kiwa têngên, pêthiting tiga warna anggubêd nangkêbi saking wingking, dalah Kyai Patih Sindhungkara kalêbêt ing gêlar kenging kapikut sarta lajêng kalêbêtakên ing wrangkan, Sang Prabu Wrêstibajra

--- 279 ---

kantun anggana, namung rinêksa dening abdi magêrsari, karsanipun sang prabu badhe soroh amuk ambelani kyai patih sarta ingkang para abdi. Tumuntên Kusuma Urur andhawuhakên parentah dhatêng para prajurit sinêlir angèndêli pangrisakipun dhatêng mêngsah, awit sampun kathah ingkang kabandhang: sisanipun kantun sakêdhik, wêlas saupami karisak, awit sampun tanpa kiwul, Sang Kusuma Urur karsa angêmbari pamukipun Sang Prabu Wrêstibajra sampun ayun-ayunan wontên ing palagan sami nitih turôngga kawot sakapraboning prang, sang prabu eram tumingal dhatêng ingkang mêthukakên prang, bagus taruna sariranipun lurus kados putri, malah warninipun jèblês kados ingkang dados têlênging galih: Dèwi Erawati, sampuna prajurit kakung sarta mêngsah amêsthi botên kolu milawani prang, awit kinintên môngsa ambangkata prang tandhing kalihan ingkang sarira, sarta eman mênawi kabranan [kabrana...]

--- 280 ---

[...n] utawi anêmahi pêjah, sang prabu alon pangandikanipun, sapa baya kang mêthukake tandangku ing ayuda, dene satriya isih jèdhèng, êndi senapatining prang kang aran Urur.

Aja tambuh ratu nistha, ratu rusuh kang dhêmên ngrèmèhake bumining wadon (sang prabu botên anggraita ingujar-ujaran têmbung makatên) iya aku senapatining prang kang saguh mocok utamanggamu payo mêdhatia tak kêmbari sabudimu.

He, lonyo ing pangucap, eman rupamu bagus, yèn kêna tak eman mundura bêcik ngawula marang aku mêsthi dak kasihi.

Babo-babo abamu kajaba yèn wis ana asu tatah, iku kalakon kang dadi karêpmu, yèn ing jagad isih kasorotan padhanging srêngenge kaya tangèh aku gêlêm ngawula marang kowe, kang tak pengini apa rusuhmu. Sang prabu kabêranang tansah dipun [dipu...]

--- 281 ---

[...n] erang-erang lajêng nyandhak dêdamêl, sang kusuma dipun sabêt ing pêdhang: katangkis, pêdhang malêsat, santun waos, sang kusuma dipun talorong ing waos, dipun indhani, waos kalêbêt ing cangklakan lajêng dipun kêmpit sarta lajêng katarik saking pucuk, sang prabu dhawah kajalungup, sarêng dhatênging pangagêng prajurit, sang prabu katawan sarta lajêng dipun awêri cindhe kasangsangakên ing jôngga, sang prabu botên suwala kairid dhatêng pakuwoning mêngsah. Sang Kusuma Urur lênggah samadyaning tarub wangunan ingadhêp para prawira jibêg kados sêkar sataman, sang prabu kaajêngakên sarta taksih kaajenan kalênggahakên wontên nginggil sangajêngipun Sang Kusuma Urur. Sang prabu waspada ing warnanipun Sang Kusuma Urur: kados jambe sinigar palih kalihan citranipun ingkang rayi Dèwi Erawati, namung kaot jalu lan wanita, saking kumênyuting galih ambarêbêl mêdal waspanipun botên karaos.

--- 282 ---

Sang Kusuma Urur gumujêng latah, lidok pêthèkku si nistha cilik atine nangis wêdi mati. Aja sumêlang atimu yèn kowe gêlêm têluk tak uripi, ora ana carane prajurit linuwih mêmati mungsuh kang wis katawan.

Sang prabu amangsuli: sêrêt pangandikanipun, Urur: luput pêthèkmu, aku ora watak cilikan atèn, sarta tak tobatake yèn aku nungkula marang kowe, suka lila jurên diatêmah bubuk tinimbang aku têluk.

Apa mulane kowe carocosan ana ing ngarêpku.

Kowe sumurupa Urur: ajaa aku kasambut ing prang sarta bakal kopatèni amarga saka gonku ora gêlêm nungkul, aku iya bakal mati anganyut tuwuh ambelani pacangaku kang musna saka ing pagulangan,pagulingan. dene gonku nangis mau: ora saka wêdi [wê...]

--- 283 ---

[...di] mati, saka karêrônta atiku rupamu mèmpêr rupane pacanganaku, dadi aku wis lêga lila marang patiku, kowe tak anggêp pacangaku: wis kêtêmu, bakal misesa marang patiku, iku kang tak anggêp ngatêrake nyawaku marang jaman kailangan: lah wis mara patènana, aku oora. gêlêm têluk marang kowe.

Sang Kusuma Urur kados sinêndhal galihipun midhangêtakên pasambatipun sang prabu, sirna larut dukanipun ketang wêlas dhatêng pêpacanganipun lami, nênggak waspa dangu botên sagêd ngandika. Wusana lajêng parentah dhatêng pangajênging prajurit kinèn anglêbêtakên kamar: sang prabu, sorog kapundhut kaasta piyambak, dhawuhipun: cikbèn lêrêm dhisik ratune wong Candhipêndhêm ana ing kamar pamondhokan bae, aja ana ing tarungku awit kurang urmat marang sariraning ratu: sanadyan wus dadi tawan, mênawa kêtêmu atine gêlêm têluk, awit saiki: isih kabranang nêpsu. Sesuk [Se...]

--- 284 ---

[...suk] yèn isih wangkot bakal tak patèni.

Para prawira lajêng angèstokakên dhawuhipun Sang Kusuma Urur, sang prabu kalêbêtakên ing kamar pakuwon, sarta para prawira sampun sami kalilan bibaran, Sang Kusuma Urur lajêng malêbêt ing dalêm, lukar agêm-agêman, lajêng sare wontên ing kathil, waspanipun andrês amarawayan ngantos angêbêsi singêp, kèngêtan ingkang rama ibu sarta anggènipun badhe pinangantèn, wusana sande saking kabaranang runtik, ing mangke kapanggih sami ijèn, punapa badhe nindakakên pandamêl ingkang nêrak awisaning agami, kajawi kanisthaning lampah mawi duraka ing Pangeran. Sang Kusuma Urur karsa badhe pêpanggihan kalihan sang prabu sarta badhe kaajak dhahar ing wanci dalu, sang kusuma sampun dandos kaprajuritan lênggah ing galdri wingking ngajêngakên ara-ara wiyar papaning prang, lintang sumêbar ing langit, sorotipun amadhangi pasanggrahan, paksi kudhasih

--- 285 ---

mungêl badhe mapan tilêm angêrês-êrêsi manah, sinauran ungêling paksi tuu anggantêr, saya adamêl anglêsing manah. Sang kusuma lajêng adhêdhawuh dhatêng abdi kabincih kinèn ngaturi ing sang prabu, kaajak lênggah dhahar. Sang prabu sawêg lênggah ing kursi angajêngakên candhela, angèngêt-èngêt badhe kalampahanipun ing dintên benjing enjing bilih saèstu kasedanan, sang prabu botên kagungan lirip ing galih malah rumaos bêgja dene angsal jalaran ingkang nguntapakên pati, wah angsal pocapan sae, tinimbang angagak-agak ngêntosi dhatêngipun Rêtna Erawati prasasat angêntosi timbulipun watu itêm, kasaru dhatêngipun abdi kabincih sang prabu kaaturan lênggah dhahar dhatêng Sang Kusuma Urur, sang prabu eram ing galih dene Sang Kusuma Urur karsa nyarwe badhe pitêpang sae kalihan mêngsah ingkang sampun katingal wangkot botên miturut ing kajêngipun. Sang prabu

--- 286 ---

kèrid lampahing utusan, rawuhipun ing galdri Sang Kusuma Urur kurmat jumênêng saking palênggahan, sang prabu kaaturan pinarak lèr, Sang Kusuma Urur wontên kidul, kêlêtan meja dhahar, dilah ingkang amadhangi palênggahan katutup ing dalancang toya ijêm, nyunari wadananipun Sang Kusuma Urur riyêm-riyêm kados murca kinêdhèpakên, sang prabu kuwur ing galih dene warnaning satriya apindha putri. Sang kusuma matur sarwi mèsêm, sang prabu dipun sakeca ing galih anyirnakna panggalih was sumêlang kaanggêpa botên ajêjagongan kalihan tilas mêngsah, ajêjagongan kalihan sumitra sae.

--- 287 ---

Yayi kados têbih yèn kula anggadhahana cipta ingkang nyulayani parikramaning têmbung manis, kajawi ingkang makatên, pêjah gêsang kula sampun katêkêm wontên ing asta sampeyan, sarta kula sampun lilah kapundhut pêjah gêsang kula wau dhatêng sang dèwaning ayu.

Lho, têka mawi ngandika dewaning ayu.

E, e, iya jagad dewa bathara, kula kasupèn mênawi lêlênggahan kalihan pramodaning prang: wong bagus, kula sêngguh kalihan, wong ayu.

Punapa inggih kasupèn sayêktos, punapa pancèn anjawat kula sampeyan kintên putri.

O, sang kalêngkaning rat, botên pisan-pisan kula anjêjawat anganggêp putri dhatêng sarira sampeyan, namung saking lunyunipun kêcap kula kalintu amastani: wong ayu, katarik saking manising wadana ingkang mêrak ati apindha wanodya. Sarta kula purun upata mênawi kula anjarag wicantên kados ingkang kapangandikakakên wau, kajawi namung têmên wicantên kalintu.

Kalintuning pangandika sampeyan punika nelakakên yèn sampeyan asih trêsna dhatêng pêpacangan sampeyan.

--- 288 ---

O, kadospundi sang kasumbung ing jagad, botên namung sih trêsna kemawon, mawi kula punagèni mênawi kula botên sagêd kapanggih kalihan pêpacangan kula wau kula botên tumolih dhatêng kawibawan, badhe kula belani anganyut tuwuh, mila anggèn kula kapundhut pêjah gêsang kula wau, kula anggêp margi ingkang utami piyambak, ambelani pêjahing bala sarta icaling pêpacangan kula.

Punapa pêpacangan sampeyan warninipun ayu.

Botên basa, kula dèrèng sumêrêp warni ayu mêrak ati kados pacangan kula.

Mèmpêr kados sintên.

Adhuh, mila kala wau kula angrêmpêlu mastani wanodya dhumatêng sang prawirèng jurit, awit warninipun pacangan kula jiblès ingkang sarira.

Sang Kusuma Urur gumujêng sarwi amangsuli: môngsa kados pangandika sampeyan wontên tiyang ingkang sami warninipun, [war...]

--- 289 ---

[...ninipun,] Gusti Allah anitahakên makatên.

Kula botên maoni pamaibên sampeyan dhatêng cariyos kula, ananging atur kula wau têmên yèn warninipun pacangan kula kados jambe sinigar palih kalihan warna andika.

Sang Kusuma Urur tuwuk anggènipun rêraosan kalihan sang prabu, waspada ing solah bawa muni-muni pinunjul ing akathah adamêl sêngsêming galihipun sang kusuma, anarik brôngta dhatêng sang prabu dhasar warnanipun sang prabu bagus jêtmika sumèh amêrak ati wimbuh amêmêlas, adamêl rongèhing galihipun Sang Kusuma Urur, nanging sang prabu botên anggraita.

Sang Kusuma Urur matur dhatêng sang prabu: kakang prabu punapa sampun sarèh galih sampeyan botên nampik dhatêng parimarmaning senapati ingkang ambêk utama, lêpating pamisesa ingkang namunamung. murih dhatêng karaharjan pinanggih ing mêngsahipun, kakang prabu karsa takluk dhatêng ratu [ra...]

--- 290 ---

[...tu] kula.

Yayi, sang kalêkaningkalêngkaning. rat, pangandika sampeyan pantês kula aosi sarta kula dhèrèk kanthi eklasing manah, awit parimarma ingkang mijil saking kautamèn sami ugi kalihan pariwaraning yayah rena dhumatêng wêkanipun, murih dhatêng kasaenan, mila parimarma sampeyan wau pantês kula aji-aji ing salami-laminipun, ananging kadospundi sagêd kula gêsang bilih namung kanthi prihatos mindêng botên manggih kasênêngan, inggih punika murcaning pêpacangan kula, tekad kula badhe botên ewah saking mêmanising jagad ingkang botên têlas-têlas, ananging kula rumaos wajib abela pati sumusul dhatêng têlênging cipta ubaya, mila kula namung nyuwun ukum pati saking pamalêsing pisae ingkang kula tampèni awon, inggih punika saking wangkoting manah lumuh dhatêng karaharjan, awit sanadyan kula kaapuntên [ka...]

--- 291 ---

[...apuntên] ing sadosa kula, kula inggih badhe nganyut pati, namung mênawi wontên piwêlas sampeyan, kula nyuwunakên pangapuntên gêsangipun pêpatih kula: Adipati Sindhungkara, awit botên tumut dosa kados kula.

Galihipun Sang Kusuma Urur kados coplok rêntah dhawah ing siti midhangêtakên pasambatipun sang prabu, ngantos angrêntahakên waspa, yèn ta wontêna ingkang rama Kyai Juragan Pôncawora, inggih punika Kyai Patih Sindhungkara, Sang Kusuma Urur badhe ambadharakên sarira lajêng panggih kalihan sang prabu ulah raras karasikan, ananging sêpêning wali adamêl kanggêging karsa, awit pratingkah ingkang nyulayani pêpacaking agama prasasat alampah jina dados pocapan awon, sang kusuma amangsuli atur, kula aturi nyarèhakên malih kakang prabu galih sampeyan, kula dèrèng kolu nyedani satunggaling [satungga...]

--- 292 ---

[...ling] mêngsah ingkang amêmêlas kados sarira sampeyan, namung pamundhut sampeyan gêsangipun pêpatih sampeyan, punika andadosakên dhanganipun panggalih kula sarta lajêng badhe kula dhawuhakên luwaripun saking wrangkan ing dintên benjing-enjing. Kakang prabu têka katingal asih dhatêng pun patih, punapa taksih kalêbêt santananipun sang prabu.

Yayi: bapa patih botên kalêbêt wôngsa, sayêktosipun, punika badhe marasêpuh kula ingkang ayoga yayi Erawati.

Kadospunapa kagèting galihipun Sang Kusuma Urur, yèn patih ingkaingkang. ing kunjara ingkang rama piyambak Kyai Juragan Pôncawora, sarta ing galih sakalangkung bingah badhe kapanggih kalihan ingkang rama sarta kadugèn karsanipun salêbêting galih. Sang Kusuma Urur lajêng adhêdhawuh dhatêng abdi kinèn angluwari kyai patih sarta ingandikan dhatêng pasanggrahan [pasanggraha...]

--- 293 ---

[...n] sarwi matur dhatêng sang prabu. Kakang prabu bapa patih kula luwari sapunika kemawon, mêsakakên tiyang sampun sêpuh.

Kula sakalangkung bingah, sarta sangêt ing panuwun kula dhatêng kadarmanipun yayi sang kasumbung ing rat.

Botên antawis dangu kyai patih katingal dhatêng kèrid lampahing utusan, lajêng majêng makidhupuh lênggah ing ngandhap sila tumungkul, kyai patih sarêng sumêrêp dhatêng Kusuma Urur sumêdhot manahipun, amargi ing warni jiblès putranipun ingkang murca Rara Erawati, kyai patih botên sagêd ngampêt wêdaling êluh têmah anarocos pindha turasan, galihipun sang prawirèng jurit kados sinêndhal kèlu bela karuna nanging sinamun ing pangandika: Bapa: aku wêlas marang kowe wis tuwa kasangsara tinawan ing mungsuh, ing mêngko ilangna prihatinmu kowe tak lêstarèkake dadi pêpatihing nagara Candhipêndhêm,

--- 294 ---

angêntèni ratu anyar kang bakal tinêtêpake dening ratuku Maha Prabu ing Indhu, awit ratumu lawas bakal dak sedani kang awit saka karsane dhewe.

Gusti: sang prawirèng laga, kula nuwun mopo kawangsulakên pangkat kula lami dados pêpatihing nagari Candhipêndhêm ngriki, kula nyuwun ukum pêjah kemawon, ambelani ratu gusti kula saha badhe mantu kula Prabu Wrêstibajra.

Ora: ta, aku ora anglilani, wong kowe wis tuwa sarta dudu bênêre ambelani bakal mantu, karodene manèh amurih utamaning laku, belane sang prabu aja ambelani pacangan, bêcik ambelani garwa, mulane saiki uga sang prabu nikahêna karo Rara Erawati.

Ihik, dene anèh karsanipun sang pangeran, punapa sang prabu punika nikah angin.

Ora ngapaa bapa, sanadyan anglêngkara mêsthi kalakon [ka...]

--- 295 ---

[...lakon] karêpku iki, kajaba saka ing pangwasaku iya uga aku mung nglêstarèkake karêpmu yèn Rara Erawati wis kolilakake kagarwa marang Sang Prabu Wrêstibajra.

Sang prabu tumut gumujêng sarta anggalih lêrês karsanipun sang pangeran, yèn sedanipun ambelani garwa, botên pacangan.

Kalampahan sang prabu nikah Rara Erawati, ingkang musikumi kyai patih, piyambak, saksi kêkalih mundhut abdi kabincih, sang prabu: pangantèn jalêr, sang pangeran: awit saking adrênging karsanipun piyambak, dados sêsulih minôngka sariranipun pangantèn èstri sami wontên ngajêngipun kyai patih, pragadingwragading. panikah sang pangeran lajêng ngabêkti dhatêng sang prabu sarta dhatêng kyai patih, dipun pambêng botên kenging, karsanipun sang pangeran anêtêpi anggènipun dados awaking pangantèn, tumuntên satata wangsul dhatêng

--- 296 ---

palênggahanipun piyambak-piyambak, sarsang. pangeran karsa andumugèkakên paginêman kalihan sang prabu, namung kyai patih sampun kalilan ngaso dhatêng ing pasanggrahan.

Ing pagêdhonganipun, karsanipun sang dèwi sanpunsampun. kadugèn, kantun badharipun kemawon, taksih pakèwêd anggènipun nyangkani sang prabu pamit ngaso: kaandhêg, inggih andhangani lajêng andumugèkakên andrawina sarta linuding gôngsa angrêrangin, sang pangeran karsa abawa swara piyambak, swaranipun rênyah kados sundari, rumpakanipun anggêpok lêlampahanipun sang prabu, sang nata nyathêt salêbêting galih: dudu suwadine, lajêng santun rêrêpèn lêlampahanipun satunggaling putri ingkang kawêlasasih, sang prabu: kajawi sêngsêm miyarsakakên swara arum linuding gêndhing eram kawasisanipun sang pangeran anganggit dadakan tanpa kandhêg turut kados apalan. [apa...]

--- 297 ---

[...lan.]

Sang Kusuma Urur saya botên sagêd nahan brônta nanging botên sagêd mêdharakên sarira, lajêng adamêl kaduking pangunjuk, sang prabu sampun karaos, ananging Sang Kusuma Urur botên tahan kados sang prabu sampun supe purwa duksina anglêgèyèh sare wontên ing kursi, cahyanipun gumilang kados sasôngka ingkang botên kaaling-alingan mega, pangarasanipun abrit kados sêkar mawar ing wanci enjing, lathi mèngèr-mèngèr pindha kapundhung pinêcah, sinomipun risak dèning tênaga kawuron angrompyoh nyakênthung barèh tatanipun wontên ing palarapan, pindha pradapaning pakis kataman bayu, tênaganipun Sang Kusuma Urur botên mambêt kakung kados satuhu putri, sang prabu ngantos brôngta, pangunandikaning galih, athik ana wong lanang rupa lan tênagane utawa ulone jiblès kaya wong wadon

--- 298 ---

Sang Kusuma Urur dipun uwuh ing sang prabu: sampun botên nyauloni, têtela sare. Sang prabu marma ing galih sang kusuma dipun cêlaki badhe kajunjung sarta lajêng badhe kasarèkakên ing kathil, asta kiwa têngên kawêngkang badhe kajunjung katingal mênthêking payudara apindha wanodya, sang prabu kèndêl panjunjungipun, maspadakakên barênjul ingkang nyandhung manah, saya kirang sakeca ing galih lajêng dipun lajêngakên rasukanipun kabalêdhèhakên, ing nglêbêt katingal pranajanipun dipun ubêd-ubêdi ing plangi kuning, sang prabu anjêngêr, wusana nekad dipun lajêngakên malih angêndhokakên setubanda, purnama kêmbar ambêsat mancorong pindha thathit, sang prabu sapandurat botên sagêd ngandika, têtela yèn ingkang rayi Dèwi Erawati: malih kakung, sang prabu botên karsa mungu awit sang kusuma sangêt ing wurunipun, lajêng kapondhong kasarèkakên ing kathil: aririh, [ari...]

--- 299 ---

[...rih,] lajêng siningêban tinêngga sarwi kinêbutan, sang prabu kapok adamêl pratingkah kados ingkang sampun. Amargi saking sangêting wuru sang kusuma tansah kêdabigan, amiwal singêb karaos gêrah katingal sariranipun ingkang pindha kêncana binabar rimbag kriya wantah, ing jagad sunyaruri kapadhangan dening purnama kêmbar, sang prabu enggal anutupakên singêb sarwi ngêrêmakên tingal, ajrih mênawi sumaput kapraban soroting purnama wau, iba rêkaosing galihipun sang prabu anglampahi padamêlan awrat ingkang tanpa timbang, amisesa ajrih mênawi kaputungan galih kados ingkang sampun, nêngga wungunipun raosing galih prasasat angêntosi timbulipun watu itêm, awit botên wontên antawisipun wungu, sarêng anggagat bangun sang prabu karaos sarip, lajêng angrungkêbi sampeyanipun ingkang rayi, kêbutipun taksih kaasta, sagêd [sagê...]

--- 300 ---

[...d] angliyêp sawatawis. Sang putri sampun ragi ical wurunipun, nglilir karaos sampeyanipun dipun rungkêbi ing tiyang, sarta eram dene sariranipun sampun wontên ing pasarean, môngka ing dalu bujana kalihan sang prabu, wusana inggih lajêng sumêrêp yèn ingkang andhêkoni sampeyanipun wau ingkang raka sang prabu, sarta angintên yèn ingkang nyarèkakên sariranipun ing kathil: inggih sang prabu, makatên malih angintên yèn sang prabu sampun sumêrêp dhatêng yêktining sariranipun malihan putri, awit agêm-agêmanipun sampun lukar dening sangêting wurunipun, saha sang putri sumêrêp yèn sang prabu botên nindakakên patrap kados ingkang sampun, bokmênawi kapok, awit katingal lênggah wontên ing dagan dhêkukul andhêkoni sampeyan, mila sang putri lajêng rêntah galihipun, amungu sang prabu: alon, gusti gurulaki kula paduka wungu, sampun wontên [wo...]

--- 301 ---

[...ntên] ing dagan, kula aturi sare minggah, sang prabu sawêg layap-layap mirêng pangandikanipun ingkang rayi: guragapan wungu lajêng nyandhak kêbut ingkang sumèlèh saking asta, sang putri wungu ingkang raka dipun rangkul: cuthêl.

Ing wanci enjing sang kusuma taksih ngagêm cara kakung mêdal saking pasanggrahan, kanthèn asta kalihan sang prabu, para wadyabala sampun pêpak andhèr, Sang Kusuma Urur aparing sumêrêp dhatêng pangagênging prajurit yèn Sang Prabu Wrêstibajra ing punika sampun karsa nungkul, sarta pangagênging prajurit sakalerehanipun sami kadhawuhan wangsul dhatêng nagari Ngindhu atur uninga ing sang prabu yèn lampahipun Sang Kusuma Urur ambêdhah praja ing Candhipêndhêm saking pangèstunipun sang prabu: sampun kalampahan bêdhah, ratunipun nungkul, saha mênawi kalilan saking karsanipun sang prabu: nagari wau kasuwun gumadhuh wontên Kusuma Urur, ing sabên warsa [war...]

--- 302 ---

[...sa] sowan sarta nyaosakên bulubêkti, sadaya wau kawrat ing sêrat, kanthi sêrat tutupan satunggal, ingkang nyariyosakên lêlampahaning sariranipun sarta Sang Prabu Wrêstibajra.

Pangagênging prajurit lajêng samêkta saha lajêng bodhol dhatêng palabuhan, numpak baita bêdhol jangkar ababar layar bidhal wangsul dhatêng nagari Ngindhu lêstantun lampahipun.

Ingkang kantun wontên ing pasewakan, sang pramèswari Erawati matur dhatêng ingkang raka, sinuhun: kula amasrahakên paprentahaning nagari dhumatêng ing asta tuwan, karêmbaga kalihan rama patih, kula namung angamping-ampingi kemawon, awit saru tiningalan, utawi asring andadosakên jalaran rêtuning praja bilih paprentahan katindakakên dening wanodya, sanadyan wanodya wau amumpuni ing kasagêdan, inggih ugi ing batos kapaibên utawi [u...]

--- 303 ---

[...tawi] kaina dhatêng para punggawaning praja ingkang sami kirang lêpas ing budi. Mila kalampahan anggèn kula suwita dhatêng sang prabu ing Ngindhu: mangangge cara jalêr pangangkah kula sampun ngantos kanyana èstri, dados maha dhatêng kalêpatan nyamur lampah, bilih kacurnan, inggih badhe nampèni pidana, nanging kula têmah inggih saking punika wau ingkang kula kawekani.

Yayi, pun kakang ora nyelaki sumanggêm kalawan têmên-têmên, nindakake pagawean abot iku nanging aku mung sadêrma anglakoni, kabèh-kabèh isih atas karsamu, aku upamane giyota: kowe kang dadi kamudhine, sanadyan kotumbukake ing parang ora anggarantês, saking aku tanpa budi tanpa kapintêran, kaya angganing giyota mau saka dhèk bocahku ambaèkake pituture guru partasarta. ora miturut marang kangjêng rama, kowe iya wus nguningani dhewe yêktine calathuku mau, mulane [mu...]

--- 304 ---

[...lane] aku anarima têrusing ati mung dadi ratu athung-athung sarta narima dadi juru panêbah tilam bae.

Sinuhun, sampun sumêlang ing galih kula badhe botên negakakên padamêlan awrat wau.

Yayi: yèn kaparêng saiki prayoga budhal saka ing pasanggrahan kondur marang kadhaton.

Kula sumôngga.

Bapa patih apa ora prayoga jinatenan kêkêramu ing dina iki.

Kados prayogi mênawi sampun kondur dhatêng ing kadhaton, sarta kula sampun mangangge èstri.

Sang prabu botên amaoni karsanipun ingkang rayi, sarta lajêng adhawuh kondur angadhaton, botên dangu wadyabala sampun mirantos, kyai patih anindhihi baris dados panganjuring lampah: sarawuhipun sang prabu ing kadhaton Candhipêndhêm, botên lajêng lênggah sinewaka, lajêng kondur angadhaton [angadhato...]

--- 305 ---

[...n] akanthèn asta kalihan Sang Kusuma Urur, para wadyabala dèrèng anggraita, makatên ugi kyai patih ugi dèrèng anggraita bilih Sang Kusuma Urur malihan putri sarta taksih kinintên tilasing mêngsah ingkang sampun dados sumitra sae. Kyai patih sarta para wadyabala dèrèng kalilan bibaran taksih sami kadhawuhan sowan magêlaran, ngêntosi wiyosipun sang prabu. Tindakipun sang nata dumugi paningratipaningrating. pandhapa, agêmipun pêdhang sang kusuma kaparingakên abdi kaparak, sang kusuma lajêng kapondhong ing sang prabu adamêl cingak saha eramipun ingkang para abdi, dene tilas mêngsah kapondhong pinindha garwa liniling sarta dipun arasi. Rawuh ing kadhaton lajêng anjujug ing kamar dandos, sang kusuma enggal ngrucat busana kaprajuritan, dandos cara putri pramèswarining nata, miyos saking kamar akanthèn asta lajêng lênggah ing parasdya: sakalihan, [saka...]

--- 306 ---

[...lihan,] kyai patih ingandikan malêbêt, botên dangu sowan kalihan para bupati nayakaning praja tarap andhèr wontên kajoganikajoganing. paningrat pandhapa ingkang lèr, kyai patih eram ningali dene sang prabu lênggah sampun mawi pramèswari, botên andugi saking pundi pinangkanipun pramèswari punika sarta Sang Kusuma Urur botên katingal wontên, kyai patih lênggah andhêkukul.

Sang pramèswari matur dhatêng ingkang raka, sinuhun: kula nyuwun lilah badhe ngrakulngrangkul. dhatêng pun bapa supados icala onêng kula dhatêng tiyang sêpuh sarta supados icala prihatosipun pun bapa.

Iku kang luwih prayoga yayi: aku bangêt anjurungi karsamu iku: payo nuli tak kanthi, sang prabu jumênêng lajêng nganthi ingkang garwa tindak dhatêng panggenanipun kyai patih. Kyai patih katêdhakan sang prabu sakalihan, enggal kurmat andhodhok ngapurancang, [ngapura...]

--- 307 ---

[...ncang,] sarèhning paraning tingal namung dhatêng sang prabu, mila botên waspada dhatêng citranipun sang pramèswari, sang prabu jumênêng wontên ing ngarsanipun kyai patih tanpa ngandika, nanging kyai patih sakalangkung kagèt dipun rangkul dhatêng sang pramèswari, wusana sumêrêp têrang yèn sang pramèswari punika putranipun piyambak Dèwi Erawati ingkang murca saking pagulingan, kyai patih gêntos angrakulangrangkul. kalihan ambêngok nangis sêru pindha wanita, sarwi asêsambat mêlasasih anakku kang tak trêsnani, kang tak itik-itik cilik mula, kang bangun turut, kang wêdi marang wong tuwa, kang ora tau agawe êsaking ati, kang tansah agawe bungah sadina-dina, kongsi diwasa mèh pakalakramapalakrama. olèh putraning ratu kang wus jumênêng ratu, arêp gawe cêndhaking umure wong atuwane, kolu ninggal lunga murca ora karuwan parane, apa wong tuwane kang kaya aku iki bisa urip kalawan sênêng, kajaba [kaja...]

--- 308 ---

[...ba] mung bakal ambelani pati golèk jalaran kang bisa ngenggalake sêdyane, jêbul katêmu ana kene wis karo pacangane, payo gèr kowe nuli tak nikahake karo sang prabu, aja kongsi nglakoni duraka nêrak laranganing agama palakrama tanpa nikah.

Sang pramèswari lajêng satata lênggah wontên ing ngajêngipun kyai patih, sang prabu têdhak saking ing dhampar lajêng tumut lênggah ing têngênipun ingkang rayi, para nayaka lajêng sami mundur sumewa nêbih.

Sang pramèswari matur dhatêng ingkang rama sarwi mèsêm, punapa kula badhe sampeyan nikahakên malih kalihan sang prabu.

Kyai patih anjêngèk, dhèk apa olèhku nikahake kowe karo sang prabu.

Pramèswari, sampeyan punika kasupèn, kula sampun sampeyan nikahakên, sumôngga ta sampeyan matur ing sang prabu.

--- 309 ---

Kyai patih, ora lola-lali, punapa inggih: gusti, kawula sampun nikahakên pun rara kalihan panjênêngan paduka.

Sang prabu. Bênêr ature yayi dèwi, malah komusikumi dhewe, sarta yayi dèwi munggah dhewe.

Kyai patih. Kawula bingung gusti pangandika paduka punika, yêktos kawula nikahakên anak kawula kalihan panjênêngan paduka, nanging ethok-ethokan kemawon, tanpa wujud, ingkang dados acung-acuacung-acung. sêsulih Kusuma Urur ingkang ngasta bangbang alum-aluming nagari ngriki.

Sang prabu. Iya iku yayi dèwi, mulane mêmpêng olèhe dadi sêsulih.

Sang pramèswari, maleroki ingkang raka sarwi anjêngkangakên, anggèn kula kêdah ngawaki piyambak punika botên saking kapengin tumuntên kagarwa, namung nêtêpi utamaning nikah.

--- 310 ---

Kyai patih kados siniram ing toya windu asrêping manahipun.

Sang prabu lajêng adhêdhawuh dhatêng kyai patih kinèn utusan ngaturi uninga dhatêng ingkang rama Sang Prabu Timur ing Marutamanda, yèn sang prabu sampun kalampahan dhaup kalayan Dèwi Erawati, angrênggani wontên ing kadhaton Candhipêndhêm, sang prabu kanthèn asta lajêng jêngkar angadhaton.

Kyai patih mundur magêlaran, lajêng amêdharakên wêwadi wau punika dhatêng para nayakaning praja, sarta lajêng matah utusan dhatêng nagari Marutamanda.

Gêntos kacariyos Sang Prabu Ngindhu miyos sinewaka, andangu cundakanipun Kusuma Urur ingkang sawêg dhatêng. Cundaka lajêng angaturakên sêrat kêkalih ingkang satunggal palapuran bab pamunah ripu dibya ngantos adamêl pêpati kathah wusana mêngsah kalindhih sarta ratunipun kapikut wontên samadyaning palagan,

--- 311 ---

sarta lajêng nungkul, wondene anggènipun Kusuma Urur kandhêg wontên ing Candhipêndhêm, sabab botên ngirid pisowaning ratu mêngsah, mugi sang prabu kaparêng anguningani sêrat tutupan ingkang kasarêngakên kalihan palapuran pêrang. Sêrat lajêng kabuka ing sang prabu, ijêmanipun Sang Prabu Wrêstibajra sakalihan sang pramèswari Dèwi Erawati, angaturakên ingkang sêmbah, saha ngaturakên gancaring lêlampahanipun miwiti malah amêkasi, turut botên wontên ingkang kalangkungan, Sang Prabu Wrêstibajra sarta pramèswari Erawati anênuwun mugi kaparêng anggawuhanggadhuh. kagunganipun sang prabu, nagari ing Candhipêndhêm satalatahipun, saha ing sabên taun badhe sowan piyambak angaturakên bulubêkti asok galondhong pangarêng-arêng, pèni-pèni rajapèni gurubakal gurudadi. Sang prabu ing Ngindhu trênyuh ing galih kamiwêlasên nguningani lêlampahanipun Sang Prabu Wrêstibajra

--- 312 ---

sarta pramèswari Erawati, lajêng adhêdhawuh dhatêng juru panyitra kinèn amangsuli sêratipun sang prabu ing Candhipêndhêm, amarêngakên punapa ing sapanyuwunipun, saha adhêdhawuh kinèn amèngêti lêlampahanipun sang prabu sarta pramèswari ing Candhipêndhêm, katunggilna kalihan cariyos nitik ing karaton ing Ngindhu, dhawuhipun sang prabu sadaya sampun kalampahan. Saha sampun utusan matêdhakakên sêrat wangsulan dhatêng ing nagari Candhipêndhêm.

Kacariyos ing nagari Candhipêndhêm saya katingal kamajênganing têtiyang ingkang sami anggaota, pandhe, sayang, gêndhing, kêmasan, sasaminipun, rame sabawaning nagari, juragan ing amôncapraja kathah ingkang dhatêng ambêkta dêdaganganipun warni-warni sarta kilak dêdagangan ing nagari Candhipêndhêm kabêkta mantuk, palabuhan ing ngriku sampun dados palabuhan agêng.

--- 313 ---

Sang Prabu Wrêstibajra sampun sakeca ing galih nagarinipun dados gêmah ripah loh jinawi, malah sampun kagungan osik badhe saos bêkti dhatêng ingkang rama Sang Prabu Timur sarta lajêng badhe kaaturan têdhak dhatêng ing Candhipêndhêm, anguninganana kamuktènipun sang prabu. Namung saprakawis ingkang karaos ing galih bab botên kèndêling lindhu ing Candhipêndhêm, dening kawahipun rêdi Brama katingal saya ciyut kasumpêlan siti walirang saking ngandhap, saupami ngantos pampêt saèstu ambêbayani, kayêktosan êmaring galihipun sang prabu, ing satunggil dintên rêdi Brama malêthos,ambalêdhos. siti walirang kombul ing tawang anglimputi buwana pêtêng dhêdhêt alimêngan, tumuntên katungka dhatênging lahar mili saking kawahipun rêdi Brama nutup kadhaton Candhipêndhêm pulih waradin kados waunipun, têtiyang sanagari tumpês botên wontên ingkang gêsang. Sang prabu seda wontên ing kadhaton, [kadhato...]

--- 314 ---

[...n,] nunggil ingkang rayi sang pramèswari.

Punika cuthêling cariyos lêlampahanipun Pangeran Prakêmpa inggih Prabu Wrêstibajra, ing bab kamipurunipun dhatêng ingkang rama sanadyan sampun tobat kaping sèwu ewadene taksih amanggih piwalês seda siniksa ing Pangeran, dene ingkang garwa Dèwi Erawati inggih ugi kalêpatan angènthèngakên sutrêsnanipun yayah rena anis saking sasana adamêl orêming manah, prasasat amaoni kajênging yayah renanipun wau, mila katut anêmahi sangsara nunggil ingkang raka. Sayoginipun ing agêsang namung angagêngna kaajrihan sarta katrêsnan dhatêng bapa biyung têrus ing manah, punika tuking budi kautamèn, bilih dipun èstokakên, amêsthi badhe botên kaduwung ing salami-laminipun.

Kacariyos Sang Prabu Timur nuju miyos sinewaka, ingkang wontên ing ngarsa Pangeran Adipati Erawana [E...]

--- 315 ---

[...rawana] jajar kalihan Radèn Apatih Samirana, dangu sang prabu angèngêt-èngêt ing bab kadadosaning putranipun, Sang Prabu Wrêstibajra, punapa sampun sagêd kêpanggih kalihan pêpacanganipun Dèwi Erawati, ingkang dados pangajapaning tawang, sarta sang prabu ing galih rumaos kangên, awit sampun lami botên kêpanggih karsanipun ing dalêm batos badhe têdhak têtuwi dhatêng ing Candhipêndhêm, sawêg badhe kapangandikakakên dhatêng radèn apatih midhangêt jumêgur kados swaraning mariyêm sèwu, sarta botên dangu jawah awu, wusana angsal pawartos yèn ing nagari Candhipêndhêm kobong dening pambalêdhosing rêdi Brama, tiyang sakitha pêjah korugan lahar. Sang prabu anglês galihipun wêlas dhatêng ingkang putra Sang Prabu Wrêstibajra, amêsthi seda korugan ing lahar ugi. Sang prabu badhe karsa sèlèh kaprabon dhatêng ingkang putra mantu, Sang Pangeran Erawana nanging dipun gendholi dhatêng Kyai [Kya...]

--- 316 ---

[...i] Patih Samirana, sanadyan sèlèha kaprabon, bilih ingkang putra Dèwi Bantarangin sampun apêputra kakung sarta sampun diwasa, kandhêg karsanipun sang prabu, lêstantun angasta pusaraning praja, lulus botên wontên sambekalanipun, dumugi yuswa 75 taun, sarta ingkang putra sampun kagungan putra abêbranahan, ingkang pambajêng kakung kaparingan nama Radèn Uswasa, sarêng sampun diwasa lajêng kaserenan karaton, ajêjuluk Sang Prabu Uswasa, putra mantu lêstantun dados pangeran adipati wrêdha ngiras angêmbani ingkang putra piyambak, dene Sang Prabu Timur lajêng amagawan.

Tamat.

--- 317 ---

Inhoud.

Anila, Bagawan ... ing rêdi Sadhaka, pêputra kalih sami èstri 1. Dèwi Angin-angin, kagarwa Prabu Sindhung Aliwawar 2. Dèwi Maruti, kagarwa Pangeran Pracondha.

Urur Zie Erawati

Erawana, Jaka ... = Patih Bajrarumung, anakipun Kyai Pôncawora, Nyai Pôncawati, sadhèrèkipun satunggal èstri nama Rara Erawati = Kusuma Urur, kapundhut garwa Radèn Prakêmpa, dene awakipun piyambak kapundhut mantu Prabu Timur, angsal Dèwi Bantarangin.

Erawati, Rara ... = Kusuma Urur zie Erawana.

Uswasa, Radèn ... wayahipun Prabu Timur saking Dèwi Bantarangin.

Angin-angin, Dèwi ... putranipun Bagawan Anila, kagarwa Prabu Sindhung Aliwawar.

Rasêksa, pandhita ... krama angsal Dèwi Rasêksi.

Rasêksi, Dèwi ... zie Baratkatiga.

Timur, Radèn ... putranipun Prabu Sindhung Aliwawar, patutan saking Dèwi Angin-angin.

Tanggulangin, patihipun Prabu Sindhung Aliwawar.

Sindhung Aliwawar, Prabu ... ing nagari Si Marutamanda.

Sindhungkara zie Pôncawora.

Saribit, rêdi ... zie Bajrapati.

Sadhaka, rêdi ... zie Anila.

Samirana, anakipun Patih Tanggulangin, dados patihipun Radèn Timur.

--- 318 ---

Sumilir, DèdiDèwi. ... putranipun Pangeran Pracondha patutan saking Dèwi Maruti.

Wrêstibajra zie Prakêmpa.

Pôncaruka, nagari ... zie Bayubajra.

Pôncawora, Jaka ... = Patih Sindhungkara, anakipun Juragan Bayubajra, rabi pikantuk sadhèrèk angkat puponing bapakipun, nama Rara Pôncawati.

Pôncawati, Rara ... anakipun Juragan Bayubajra, karabi dhatêng Bagus Pôncawora, anakipun Juragan Bayubajra wau.

Pracondha, Pangeran ... ingkang rayi Prabu Sindhung Aliwawar.

Prakêmpa, Radèn ... = Jaka Bayu = Prabu Wrêstibajra, putranipun Radèn Timur, patutan saking Dèwi Sumilir, sadhèrèkipun satunggal putri nama Dèwi Bantarangin.

Pratipa, rêdi ... pasarean utawi astana karaton.

Pawana = Candhipêndhêm.

Maruti, Dèwi ... putranipun Bagawan Anila, kagarwa Pangeran Pracondha.

Marutamanda, nagari ... zie Sindhung Aliwawar.

Grêbêg, Grubug} panakawanipun Radèn Timur.

Bantarangin, Dèwi ... putranipun Radèn Timur patutan saking Dèwi Sumilir, sadhèrèkipun satunggal kakung nama Radèn Prakêmpa.

Baratkatiga, Prabu ... pêputra Dèwi Rasêksi, krama antuk pandhita rasêksa.

--- 0 ---

Bisaka, sadhèrèkipun nèm Juragan Pôncawora.

Bajrarumung zie Erawana.

Bajrapati, Prabu ... ingkang eyang buyut Prabu Sindhung Aliwawar, seda amrênyanyang sumare ing rêdi Saribit.

Bayu zie Prakêmpa.

Bayubajra, Juragan ... ing nagari Pôncaruka.

--- 0 ---

ADMINISTRATIE ... Soerakarta, Juni 1902.

SOSODORO

Ngabèi Wirapustaka angaturi uninga dhumatêng para abonêmèn, ing sapunika padamêlan Administrasi dipun tindakakên dening Tuwan E Mudhi, pramila para abonêmèn sami kaaturan, bayaran Sasadara benjing bibar Garêbêg Mulud Be punika mugi lajêng kapasrahna dhatêng Tuwan E Mudhi, saha ingkangh taksih kawalêdan sapintên kathahipun miturut pêthuk ingkang sampun dipun tampèni inggih kapasrahna dhatêng Tuwan E Mudhi.

Ngabei WIROPOESTOKO dan toewan E. MOODY membri taoe pada sekalian abonnement njang sekarang pakerdjaan administratie di djalanken olih toean E. MOODY di pangetjapan Bromartani. Maka sekalian abonnement di minta bajaran,,Sosodoro" garebeg Moelood Be njang aken dateng, dan sateroesnja soepaja di kirimken pada toean E. MOODY. Dan waledan bajaran di minta djoega soepaja di kirimken pada toean E. MOODY tadi.

WIROPOESTOKO ... E. MOODY.