Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Prabangkara, Padmasusastra, 1921, #43

Katalog:Prabangkara, Padmasusastra, 1921, #43
Sambung:-

PRABANGKORO

--- 0 ---

Sêrat Prabangkara

Nyariyosakên Prabu Ôndakara ing Nagari Indhu kecalan putra ingkang binadhe raja, nama Pangeran Adipati Prabangkara. Ngantos dumugi ing konduripun, krama angsal pacanganipun nama Rara Apyu.

Kaanggit dening: Ki Padmasusastra

Tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta

Kawedalakên sarta kasade dening Toko Buku: Tan Kun Swi Ing Kadhiri Taun 1921.

--- 1 ---

Ing nagari Indhu wontên ingkang jumênêng nata ajêjuluk Maha Prabu Ôndakara, agêng karatonipun, pintên-pintên nagari ingkang sami suyud nungkul aris botên kalayan kagêbag ing prang, kapraban ing kawibawan dening kontaping asmanipun sang prabu, dhasar ratu agung binathara, nyakrawati ambaudhêndha. Patihipun sang nata taksih kalêbêt santana ajêjuluk Radèn Apatih Giripawaka, bijaksana mêngku bang-bang pangalum-aluming praja, sinuyudan ing wadyabala. Putranipun sang nata kakung putri wontên satus kirang sêtunggal, sami mijil saking garwa paminggir, sang prabu anggènipun krama sampun lungse ing môngsa, kadugi sampun yuswa sèkêt taun, pramèswari nata ajêjuluk Dèwi Gêniara, sapunika anggarbini, sarêng ambabar miyos kakung amuragili, dados putranipun sang nata jangkêp satus sawêg miyos lajêng kaparingan jêjuluk Pangeran Adipati Prabangkara, sang rajaputra sakalangkung dinama-dama, kalis ing roga walagang kados siniram ing toya gege, cinitra warnanipun sang pangeran pindha bang-bang mudhun saking ardi ruruh sêmu jatmika mêrak ati, tumuntên kalêbêtakên ing pamulangan agêng nunggil lare kathah.

Ing pamulangan lare, kathah woworanipun lare èstri ingkang dèrèng diwasa sarta dèrèng kapisah panggenanipun, wontên lare èstri satunggal anaking jurutamanipun sang prabu anama [ana...]

--- 2 ---

[...ma] Rara Apyu, endah ing warni sanadyan dèrèng pêcah pamoripun, sampun angantawisi yèn badhe pinunjul ing bumi, cinitra warnanipun Rara Apyu, sariranipun singsêt amênjalin kuning wênês maya-maya lumêr apindha pradapaning angsoka, wadananipun mancorong pindha kartika mabangun, sotyanipun kocak amawa praba. Ing pagêdhongan bok jurutaman punika badaya ing karaton taksih kalêbêt santananipun nata kalêrês misan, punika dipun karsakakên sang prabu, lajêng pun trimakakên dhatêng ki jurutaman mêdali Jaka Gêniroga, tumuntên ingkang rayi Sang Prabu Pangeran Ôndapawaka satêdhak ing patamanan sriwadari: nyare, bok jurutaman kang ngladosi wontên ing yasakambang, punika wanuhipun pangeran, sarêng sampun patutan satunggal, inggih pun Rara Apyu, sang pangeran mantun karsa, dados sang pangeran adipati: ing kabatosan kalihan Jaka Gêniroga: sadhèrèk tunggil bapa, kalihan Rara Apyu sadhèrèk nak-sanak, dene Jaka Gêniroga kalihan Rara Apyu sadhèrèk tunggil biyung. Sang pangeran saya diwasa, makatên ugi Rara Apyu saya nêdhêng birai, sang pangeran botên sagêd amênggak karsa dening karoban ing mêmanis, ananging Rara Apyu nyolong pêthèk, katingalipun tutut, yèktosipun kêsit, botên kenging ginagampil sarta botên kenging rinoban ing arta [ar...]

--- 3 ---

[...ta] busana, punapa pawèwèhipun sang pangeran: dipun tampik.

Nuju wanci sontên sang pangeran alêledhang sêsarêngan kalihan Rara Apyu, rêraosan prakawis rèmèh-rèmèh ngantos dumugi ing kêbonraja, kèndêl lêlênggahan wontên ing kursi patèn sangandhaping wit cêmara, nuju tanggal kaping wolu, rêmbulan sumorot amadhangi patamanan, wadananipun sang pindha ratih katrêsan ing pêpadhang, mêlok rêbat sorot kalihan prabaning purnama, saya kuwur panggalihipun sang pangeran, yèn ta sampuna kapadhan sih amêsthi lajêng winasesa, kuciwanipun sang rara katingal prayitna sarta botên purun pinarpêkan, ananging liringipun tutut, amratandhani yèn asih trêsna dhatêng sang pangeran, sang pangeran èmêng ing galih wusana ngandika:

Nyawa woding atiku, apa kang dadi sababe barang pawèwèhku kotampik, apa pancèn ora kasdu marang kang awèh.

Kowe aja kaliru tômpa, kowe rewangku sêkolah cilik mula, bênêre kowe wis sumurup marang atèn-atènku, ênggonku ora basa marang kowe apa ora wis amratandhani yèn aku rumakêt marang kowe, lan atiku apa wis ora kalêbu ing atimu, manisku apa wis ora [o...]

--- 4 ---

[...ra] ra nyukupi yèn aku asih trêsna marang kowe.

Iya iku sing gawe kodhênging atiku, dening pawèwèhku: kabèh kotampik.

Kowe iku jare pintêr, nyatane bodho, kêthul atimu, apa pawèwèh iku dudu urub-urubing budi kang nuntun marang piala, samôngsa aku wis nampani pawèwèhmu, aku bakal kowisesa pindha wong tukon, iku dudu karêpku, awit aku ora arêp adol awak, arêp adol trêsna.

Ora pisan-pisan yèn aku ciptaa mêngkono, sêdyaku mung marang bêcik.

Tandhane:

Kowe bakal tak pundhut garwa mêtu saka wong atuwamu, ora dakgawe sabarangan.

Ya gene ora nuli koklaksanani.

Mêsthi nuli daklaksanani yèn kowe wis nimbangi marang katrêsnanku.

Bênêr pêthèkku yèn kowe iku bodho, katrêsnanku marang kowe kang daklantari saka manising ulat wis tak tampakake lawas marang kowe, nanging kowe ora rumasa yèn wis anampani, isih mêksa anjaluk walèhku, dadi aku saiki kêpêksa nglairake, saka boting katrêsnanku marang

--- 5 ---

kowe, iya dakpituruti uga. Sumurupa pangeran: yèn aku ora bakal laki tumeka ing pati yèn ora olèh kowe, wit cêmara kang kumrisik kabaratan kang anêksèni marang prasêtyaku iki, lah mrenea kowe tak rangkul.

Sang pangeran gurawalan anyakêt, ing ngriku têmpuking katrêsnan sajawining parewana.

Wis ayo padha mulih, iki wis rada wêngi, aku têrna sadhela, balia ana ing lawang bae.

Wis mêsthi kowe tak têrake, môngsa tegaa: aku.

Putra lan putri lajêng ing lampahipun kondur, sigêg.

Sang Prabu Ôndakara enjing miyos sinewaka, pêpak andhèr ingkang wadyabala, ambalabar ngantos dumugi ing pamurakan, radèn patih wontên ing ngarsa tumungkul amarikêlu, sang prabu angandika.

Kakang.

Kawula nuwun, kula.

Kapriye anane kaki adipati, dene wis lawas ora milu angadêgi ana pasamuwaning pangadilaningsun, pamite lara, nanging yêktine ora, sabên ingsun utusan niliki tinêmu suwung, kaya gila andêlêng marang panjênêngan ingsun.

Kawula nuwun, bawaning lare: putra dalêm gampil angampangakên [angampang...]

--- 6 ---

[...akên] katrisnan, awit sumêrêp yèn katrisnan dalêm botên sagêd ewah saking têlênging galih, dene anggènipun nilar kêwajiban agêng dening sampun wontên ingkang dipun andêlakên, para nayakaning praja sami wicaksana bèrbudi.

Iya bênêr, ananging olèhe gila marang panjênêngan ingsun sarta olèhe wani ninggal marang kêwajiban iku dening apa, amêsthi ana nalare kang êros.

Botên liya namung awit saking pamêksa kawula saha para nayakaning praja amundhi dhawuh timbalan dalêm anantun tumuntên karsa krama, pikantuk putrining ratu ingkang timbang kaluhuranipun putra dalêm, ananging putra dalêm mrêngkang rèhing kautaman kagungan pamilih, krama pikantuk anakipun tiyang pidakpadarakan, abdi dalêm pun jurutaman ing sriwadari anama Rara Apyu.

Apa durung sira surupake yèn putraning ratu ora kêna krama olèh wong cilik, kudu olèh putrining ratu, utawa olèh santana putrane wong gêdhe têdhaking karaton, awit bakal dadi sêsêmbahane wong akèh.

Kawula nuwun sampun botên kêkirangan anggèn kawula anyêrêp-nyêrêpakên sarta mardi piturutipun dhatêng panjênêngan dalêm, ananging tansah wangkot, namung ngagêm karsanipun piyambak mawi nyorahakên kêkajênganing tiyang botên kenging pinêksa ing liyan, sanadyan ratu botên wênang amêksa dhatêng tiyang ingkang lumuh: [lu...]

--- 7 ---

[...muh:] utawi botên ajêng, upami kalampahan karsaning ratu ingkang makatên wau, punika nyulayani kalayan pranataning agama, prasasat mêksa akèn nêdha têtêdhan ingkang dipun gigoni, mutah wontên sapangajêngan, prasasat pamalês panganiayanipun sang prabu. Akathah-kathah anggènipun damêl sêsorah ingkang nelakakên lêrêsing karsanipun yèn kêkajênganing manungsa botên kenging kawisesa ing ratu, sanadyan ratu wau têtiyang sêpuhipun inggih ugi botên kenging dening amung dados jalaran, têtêp gêsanging manungsa macungmocung. piyambak-piyambak ing pangayunanipun Pangeran. Dene ingkang kêdah pinituhu sabarang rèh dêdamêlaning manungsa punika têtiyang alit botên kenging mrêngkang sapangrèhing ratu ingkang kinuwasakakên dening tatananing agêsang. Cêkakipun putra dalêm sagêd amawali kajêng kawula saha para nayakaning praja anggèn kawula ngêmban dhawuhing timbalan dalêm.

Agawe gawoke panggalih ingsun, dene nganti samono wangkote. Sarèhning sira wis ngaturake cabar, ing mêngko sira lèrèna angrêmbug prakara iku, bakal ingsun pasrahake marang bok ratu, supaya maripiha marang anake, yèn mêksa cabar: ingsun dhewe kang bakal amisesa ing atase wêwênanging bapa marang anak.

Sang prabu jêngkar kondur angadhaton, kyai patih sarta para

--- 8 ---

nayakaning praja bibaran mundur sowang-sowang.

Kacariyos sang prabu kondur angênyapura kêpanggih lan ingkang garwa, jinatenan ingkang dados karsanipun sang nata ingkang kadhawuhakên dhatêng radèn apatih sarta muphakat lan para nayakaning praja, anantun palakrama dhatêng ingkang putra pikantuk putrining nata ingkang sumbut kalihan kaluhuranipun sang prabu, panantun wau katampik, pangandikanipun sang nata:

wangkote anakira: ora mung lumuh pinalakramakake bae, malah duwe karêp dhewe, moh ngambah dalan kang marang kautaman, milih ngambah dalan kang marang kanisthan, arêp apèk bocah anake wong pidakpadarakan abdiningsun jurutaman ing sriwadari aran Rara Apyu ginawe swami, saiba loking jana ilanging kautamaningsun, dene putraningsun kang ingsun gadhang gumanti kapraboningsun pramèswarine wong pidakpadarakan. Mungguh wangkote anakira ingsun pasrahake marang sira, nganti sapiturute, yèn wis kêlakon sira paripih, apa ature anakira, sira nuli angunjukana uninga marang panjênêngan ingsun.

Sang pramèswari sapandurat botên sagêd ngandika, dene ingkang putra gadhah watak pugal dhatêng tiyang sêpuh, môngka ingkang sampun kalampahan, namung tansah andadosakên parênging galihipun ingkang rama, sang pramèswari munjuk:

--- 9 ---

Gusti, dhawuh dalêm saèstu badhe kawula lampahi kalayan pamardi ingkang ngantos putra dalêm miturut punapa parênging karsa dalêm, karosan kawula misesa dhumatêng putra dalêm, botên liya namung saking dêrêsipun dhawahing luh kawula, bokmênawi sagêd anyandèkakên gonjinging manahipun putra dalêm dara pangeran ingkang gumiwang dhatêng Rara Apyu.

Nuli lakonana bok ratu, si thole aja sira undang, mundhak saya gumyugumyur. atine, kalahana wae mênyanga kadipatèn mêngko sore.

Nuwun inggih sandika.

Kacariyos Rara Apyu wanci sontên majang wulan nuju tanggal kaping pitu lênggah, wontên ing undhuk sangandhaping kajêng tanjung kasorot padhanging rêmbulan ingkang mêdal lowahan sêlaning godhong tanjung andhawahi jajanipun sang ayu, katingal murub ngujwala ijêm pindha andaru sumamar wontên ing pêpêtêng, rencangipun lare èstri dipun kèn mêndhêti sêkar tanjung ingkang sami rêntah coplok saking kudhupipun kêsuk dening ebahing godhong kapanduk sumiliring angin ambêkta gônda wangi saking panggenan ingkang katrajang, têmpuh lan ambêting sêkar tanjung sumawur andhawahi pangkonipun sang ayu, sakala rujit galihipun anggagas badhe kadadosaning ubaya: lajêng angrêrêpi:

Mijil

dhuh pangeran woding driya mami / gung katon katongton [katongto...]

--- 10 ---

[...n] / wong jêtmika nylèwèng nora barès / èsêmira grêgêtake ati / yèn pinandêng wêdi / malah amitambuh //

yèn tininggal rikat anututi / ingandêgan mogok / manas ati bae salawase / yèn wong nora prayitna ing batin / yêkti wus kajodhi / tinawan ing mungsuh //

baya nora bisa antuk kalih / kaya si mêngkonok / mêrak ati saparipolahe / saradane babo mathêt lathi / wajanira kengis / gumêbyar narawung //

kadi katiban sara sangkali / luluh jiwanyawor / tujune Si Apyu nora gègèr / mung atine bae rontang-ranting / tanwun raga mami / mati tanpa tatu //

tambanana dimèn wurung mati / matura sang katong / iya kaya ubayamu biyèn / jare karsa sira nganggêp cèthi / ingsun anti-anti / jêbul nora muncul //

sabên katon saguhe dharindhil / apa baya goroh / sawangane: cidra nora duwe / yèn kandhane kêna dèn gondhèli / nadyan rama wibi / mambêng tan rinungu //

nanging kapriye ragèngsun iki / bisane kalakon / sudra papa apês bêbasane / kadi kate pan angrangsang ardi / tangèh praptèng nginggil / malah kajalungup //

dening tan tolèh dhiri pribadi / turune wong asor / nanging apa: ta: kaluputane / ing atase wong salakirabi / wênang nampik milih / Dyah Apyu kapiluh //

Rara Apyu sabên sang nata parêpatan lan kyai patih saha para

--- 11 ---

nayakaning praja, anglampahakên têlik pangendrajala sadhèrèkipun jalêr anama Gêniroga, suwita nayakaning praja, mila punapa ingkang karêmbag sang rara sagêd sumêrêp, saking sadhèrèkipun wau, pangrêmbag ingkang wêkasan, sampun têtela têrang yèn sang pangeran badhe winisesa dhatêng ingkang rama sang prabu pinalakramakakên angsal putrining ratu ingkang timbang kalihan kaluhuranipun, karsanipun sang prabu amêsthi kalampahan, Rara Apyu anglês manahipun, anggadhahi pamikir yèn prasêtyanipun kalihan sang pangeran badhe wudhar tanpa dados, dening kêncêngipun sang prabu, mila sêdya anganyut tuwuh, ananging pêcating nyawanipun kasêksèna dhatêng sang pangeran, Rara Apyu sadalu mêrêm mêlik botên sagêd tilêm, anggagas kêdadosaning awakipun, kênthêling pamikir badhe oncat saking balegriyanipun, bokmênawi dados lantaran sagêdipun kalampahan panggih kalihan ingkang dados pangajapaning tawang kagarwa sang rajaputra, pagas têtalining trêsnanipun dhatêng yayah rena.

Rama, biyung, kowe padha karia slamêt, aku pamit lunga saparan-paran anggolèki kang ora ana, angêgungna pangapura, ênggonku tansah gawe sêdhihing atimu.

Wanci anggagat bangun enjing mangkat saking griya, lêpas lampahipun.

--- 12 ---

Kacariyos kyai jurutaman jalèr èstri, sampun sumêrêp yèn Rara Apyu badhe kagarwa dhatêng sang pangeran, wontênipun badhe kagarwa dening susilaning pambêkanipun, botên kenging ginagampil, sarta botên kenging winasesa utawi rinoban ing rajabrana, ing batos sakalangkung bingah sarta amêmuji kalampahanipun. Ciptanipun:

Saiba bungahku upama kalakon aku sida duwe mantu sêsotyaning bumi kang ginadhang dadi ratune wong Indhu: aku bakal luwar saka ing papacintraka.

Sarêng Rara Apyu botên katingal wontên ing griya, dipun padosi sawêwêngkoning griya botên pinanggih wusana sumêrêp yèn panganggenipun suwèk sawatawis botên wontên, kyai jurutaman jalêr èstri angintên yèn anakipun kesah, lajêng anjêrit tiyang kêkalih asambat-sambat botên sagêd kantun, kyai jurutaman enggal dhatêng kadipatèn, sowan sang pangeran, badhe ngaturi uninga ing bab icalipun Rara Apyu. Sang pangeran nuju lênggah wontên ing panêpèn ijèn, kagèt mriksa dhatêngipun kyai jurutaman botên kalayan dipun timbali, sampun nyana yèn wontên prakawis pêrlu, dèrèng matur sampun kadangu damêlipun, kyai jurutaman matur miwiti malah amêkasi, sang pangeran kagèt ing galih tumratab tab-taban, ananging sinamun ing netya, pangandikanipun:

--- 13 ---

Wayah apa olèhe lunga.

Sawêg enjing punika wau gusti, kados dèrèng têbih kesahipun.

Kiramu parane mênyang ngêndi.

Pandugi kawula kesah tanpa sêdya. Dening tansah angèngêt-èngêt dhumatêng panjênêngan dalêm, sarta sampun sawatawis dintên nyêgah nêdha tilêm.

Wis ta: kowe muliha bae, tak golèkane dhewe, kowe aja wara-wara, lawas enggal amêsthi bisa kêtêmu, kowe têntrêma ana ing omah, aja lunga-lunga lan aja cilik atimu, iki tampanana dhuwit limang atus ringgit gawenên sangu urip sajrone kowe daktinggal anggolèki anakmu.

Sakalangkung panuwun kawula gusti, nanging mênawi kêlilan kawula nyuwun dhèrèk satindak dalêm.

Aja paman, aku arêp lumaku ijèn, yèn nganggo rewang mundhak amêmurung laku, wis ta: balia mulih, tak dandan.

Sarèhning sampun dados parêngipun karsa dalêm makatên, kawula inggih botên sagêd maoni, botên langkung abdi dalêm kawula namung ngaturakên pêpuji mênggah ing kasugêngan dalêm wontên ing saba paran, kawula lajêng kêlilan mundur.

Iya juru taman.

--- 14 ---

Kangjêng pangeran lajêng têdhak ing kamar panyêratan ngantos sawatawis dangu, rampung anggènipun nyêrat lajêng dandos ngagêm agêman cara sudagar, namung sangu arta êmas sarajud, tindakipun nilib mêdal ing kori butulan, lêpas lampahipun.

Kacariyos abdi dalêm êmban ing kadipatèn, ingkang kinathik sang pangeran, rintên dalu botên nate pisah, sumêrêp yèn gustinipun botên wontên, enggal kapadosan, nanging botên pinanggih, lajêng sagêd andugi kemawon yèn sang pangeran murca saking kadhaton kadipatèn, dening kawratan brôngta dhatêng Rara Apyu, bokmênawi lajêng ngupadosi purugipun, awit êmban punika wau sumêrêp ing lêbêtipun jurutaman, sarta dipun pitakèni pêrlunipun sowan sang pangeran prasaja ngaturi uninga ing kesahipun Rara Apyu, ananging êmban botên angintên yèn sang pangeran tega tilar kawibawan, mila botên dipun kawekani, êmban enggal lapur ing sang prabu. Dupi sang prabu miyarsakakên unjuking êmban kumêpyur ing galih gugup enggal têdhak dhatêng kadipatèn kalihan sang pramèswari, sarawuh ing kadipatèn, yêktos pinanggih suwêng, sang pangeran murca botên wontên ing dalêm, ing pasarean dipun priksa wontên sêrat sumèlèh ing ulon-ulon, enggal kapriksa ing sang prabu, têmbungipun:

kawula nuwun, atur sêmbah kawula Pangeran Adipati Anom: [A...]

--- 15 ---

[...nom:] Prabangkara, konjuk ing panjênêngan dalêm gusti tiyang sêpuh kawula Sang Prabu Ôndakara, ratu agung binathara nyakrawati ambaudhêndha, ingkang mêngku bala mayuta-yuta, jinajaran ing liman paprangan satus, akêkutha bacingah, akadhaton rinêngga ing sêsotya pêlikaning bumi, abalowarti santosa, dados tanggulanging ripu dibya ingkang sumêdya angrangsang biting, tanwun kèlês dening samêktaning byuha kalawêrit, ingapit mariyêm ing segog-segoganing balowarti, ajêjagang sagara yasa, tangèh kenging sinabrangan, anampèni kaluhuran saha kamulyan pindha kawasaning nabi panutan kawula.

Kawula nuwun, gusti ratu bapa sinuhun kawula, kawula botên anyupèkakên sih wilasa saha katrêsnan dalêm dhumatêng kawula, saha tumanêming manah ngantos dumugi ing pêjah, sarta kabêgjan ingkang sampun kawula tampèni kalayan kaurmatan, abdi dalêm kinèdhêpan saha ingajenan têtiyang saisining praja dening prabawa dalêm, jumênêng pangeran adipati anom, saha ginadhang anggêntosi karaton dalêm, bilih panjênêngan dalêm sampun sarira nabi, ananging sadaya kabêgjan ingkang pinanggih ing manungsa, agêng alita sami kemawon, sayêktosipun namung wontên ing wanita ingkang cocog kalihan manahipun, sanajan ratu ingkang mêngku jagad asring kadunungan susah [su...]

--- 16 ---

[...sah] dening pramèswarinipun pugal, carawak, mawali pikajêngan, botên mêrak ati, ayunipun sirna tanpa lari, môngka abdi dalêm kawula pinêksa saking pangawasa dalêm, muphakat lan kajêngipun uwa patih sarta para nayakaning praja badhe pinalakramakakên pikantuk putri ingkang dèrèng kawula sumêrêpi mêmanahanipun, saupami kêlampahan kawula apalakrama miturut kajênging sanès, ingkang botên anglampahi susahipun, sami ugi kawula tumbas barang ing wanci dalu, katingalipun sae, namung saking padhanging latu sapêlik, cacadipun pintên-pintên botên kasumêrêpan, ananging sampun kêlajêng kawula tumbas sarta gêtun kawula sampun kasèp, kabucal santun ingkang prayogi, nama siya-siya sarta santunipun wau tarkadhang malah langkung awon malih tinimbang kalihan ingkang dipun bucal, cêkakipun kenging kaupamèkakên kawula pinêksa nêdha wisa mandi ingkang sagêd angrisakakên kaèngêtan kawula.

Awit saking punika gusti, kawula kapêksa anyèlèhakên kawibawan, dening botên kuwawi kataman sêkêling manah ingkang sagêd mugut panjanging nyawa kawula, milalu nandhang papa cintraka, angupadosi pêpacangan kawula sangkaning lare Rara Apyu, anakipun jurutaman ingkang nistha kawijilanipun, awit amung punika ingkang dados witing kabingahan bilih sagêd pinanggih, ananging punapa nama bêgja: namung nama kanisthan ingkang kanthi [ka...]

--- 17 ---

[...nthi] katêntrêmaning manah, sarta sagêd amanjangakên umur kawula. Botên langkung gusti, kawula nyuwun pangapuntên kaping sèwu, anyirnakakên runtiking panggalih dening wangkot kawula botên miturut dhatêng pangrèhing tata darma ingkang sagêd narik dhatêng widadaning kaluhuran dalêm, kinosoka wangsul angrêntahakên piwêlas saha matêdhani pangèstu wilujêng kadumugèn sasêdya kawula, makatên malih pangèstunipun rayi dalêm kangjêng ibu kawula suwun.

Konjuk …

Ingkang abdi Pangeran: Prabangkara

Satamating pamaosipun sang prabu pangastanipun sêrat anggrègèli: botên karaos waspa drês marawayan, anètèsi sasêratan adamêl bawuring tulis, kaasta badhe kaambalan malih sampun botên cêtha. Sang pramèswari botên kasamaran yèn sêrat punika têtilaraning sêratipun ingkang putra sang pangeran, sarta têtela yèn sang pangeran oncat saking kadhaton, sang pramèswari anjrit karuna sumungkêm ing pangkonipun ingkang raka sêsambat amêlas asih akèn anusulakên utawi ambelakakên pêjah sarêng lan ingkang [ing...]

--- 18 ---

[...kang] putra: wusana kantu. Sang prabu saya barubah ing galih, angêngimur tikbraning galihipun ingkang garwa sarta nyakecani galih: yèn sang prabu badhe nyarirani piyambak tindak angulati ingkang putra, sang nata lajêng kondur angadhaton, amêmulih rêntênging galihipun ingkang garwa, sarêng sampun ragi lipur lajêng tinilar. Sang prabu miyos sinewaka, para putra santana miwah para wadya pêpak andhèr, kyai patih sumiwi ing ngarsa amarikêlu. (kacariyos: lolosipun sang pangeran sampun misuwur sanagari, adamêl orêging manahipun têtiyang alit, awit kaicalan mêmaniking praja ingkang badhe sumilih karaton ing Indhu) sang nata dangu botên ngandika, dhêdhêp botên wontên sabawa, dalah angin kèndêl botên lumampah, wusana ngandika. He, sakèhe putra santananingsun, muwah abdiningsun bumi ing Indhu, sarta satalatahe kabèh, samurcane putraningsun kaki adipati, wêwênanging paprentahan kadipatèn ingsun asta dhewe, saupama kaki adipati kabanjur ora ana timbule nganti panjênêngan ingsun murud ing jaman kalanggêngan, putra-putraningsun kakung ora ana kang ingsun lilani gumanti ing karaton ingsun, karsaningsun, kacêkêla marang sawijining putra santananing karaton saka pamilihe wong akèh, kang ingaran bêcik dhewe, bisa angenaki lan angayomi marang atine wong Indhu, samono iku mawa watêsan, [wa...]

--- 19 ---

[...têsan,] lawas-lawase mung limang taun, kajaba saka karêpe wong cilik kudu anjaluk salin sadurunge limang taun, utawa anjaluk lêstarine sawise limang taun, panggêdhe kang dadi pangayoman wau. Supaya putra santananing karaton padha amarsudia undhaking kapintêrane, lan ambangun bêciking kalakuane dadia pangalêmaning akèh, antuk pituwasing sinau bisa angundhuh wohing kangelane angrasakake rasaning nikmat lan muphakat, iya iku têlênging kabêgjan lan kaluhuran kang dhuwur dhewe sangisoring ratu, lan supaya ora andadèkake tuwuhing ciptane ala para putra-putraningsun kang pancèn ora ingsun gadhang anggêntèni kaprabon ingsun.

Para putra santana saha abdi dalêm sadaya sami saur pêksi mangayubagya karsa dalêm sang prabu.

Sang nata andhawuhakên dhatêng kyai patih, para abdi kapêtêngan ingandikakakên ngupadosi murcanipun ingkang putra, botên kalilan mantuk bilih dèrèng pinanggih, makatên malih para putra santananipun sang prabu sami ingandikakakên ambêbujêng buron wana, bêdhat pikat pêksi tuwin misaya ulam lèpèn, paring kabingahan tur ngiras ngupadosi sang pangeran, bokmênawi lumêbêt ing wana-wana tuwin ing jurang-jurang, awit ingkang dipun kuwatosakên sang prabu: bokmênawi sang pangeran lajêng nganyut tuwuh dening botên kapanggihe pangupadosipun [pangupadosi...]

--- 20 ---

[...pun] Rara Apyu, merang wangsul dhatêng praja, awit sang nata sampun uninga wêwatêkanipun ingkang putra ènthèng dhatêng ing pêjah tinimbang kalihan botên kadugèn karsanipun. Dene sang nata karsa nyarirani piyambak ngupadosi ingkang putra sang pangeran, ingkang rayi sang pramèswari kakarsakakên andhèrèk, saha mawi kadhèrèkakên para putra santana miwah para abdi dalêm pêthilan, têdhak ing pasanggrahan wêwêngkoning nagari Indhu.

Kacariyos para abdi kapêtêngan sampun lumampah rumiyin pisah-pisah purugipun, tumuntên para putra santana sami agêgolongan pêncar lampahipun, wusana ingkang angantuni lampah têdhakipun sang prabu saha pramèswari dalêm ingkang kajujug rumiyin, pasanggrahan ingkang cêlak narmada, amêngkêrakên arga, ngiwakakên wanapringga, kathah bêbujêngan kidang manjangan sarta kancil, pêksi, mêrak, satawana tutut-tutut dening awis kambah ing tiyang ambêbujêng, saking kaawisan, kêjawi namung sang prabu piyambak sarta awis-awis ing têdhakipun.

Sinigêg lampahing cundaka sarta têdhakipun sang prabu lêlangên ing narmada sarta ing wanawasa. Gêntos kacariyos lampahipun Rara Apyu murang marga malêbêt ing wana sêpi, punagining manah aluwung mantuk aran mênawi sande kawêngku sang pangeran, ingkang dados têlênging manah, sêsambatipun: dhuh pangeran, prak atimu kang

--- 21 ---

ora êntèk-êntèk, gumarit ana têlênging ati, apa baya cidra ubayane marang aku dening karoban ing kawibawan sarta abot mrêngkang saka pangwasaning bapa. Ratu angkara ambêg niaya, anêrak pêpacaking agama, misesa marang wong lumuh salakirabi jiyadan, anyêri-nyêri marang kawijilane wong asor, ora duwe piwêlas marang karusakaning anak, tangèh duwea piwêlas marang wong sudra papa kaya awakku. Luluh manahipun Rara Apyu,. Ambarêbêl luhipun carocosan, lumampah sasêlot-sêlotipun anut paraning suku, bang-bang wetan hyang aruna mêdal saking tanjêb langit mungup-mungup anyoroti sèsining buwana, pradapaning angsoka sêngklèh kawratan dhawahing bun ingkang angêbêsi, kados anyêmoni Rara Apyu pêpêsing manah kawratan trêsna dhatêng sang pangeran, satawana jêgigrèk mungêl wontên ing parumputan lajêng angèrèki babonipun, Rara Apyu ewa umiyat, ciptaning manah: bok aja agawe mêngkono ana ing sapangarêpanku, apa ora kêna kosarèhake nganti mêngko yèn aku wis liwat. Botên kacariyos langêning margi, lumampah kêpanasan sadintên botên kèndêl, kandhêg lampahipun wanci tibralayu, wontên sangandhaping kajêng bêndha kawak, tambinipun alongsor pindha taksaka mulêt padhas awaking sêndhang, suluripun tumali ing sela kados sinalang, toyanipun wêning [wê...]

--- 22 ---

[...ning] pindha kaca kathah minanipun alit-alit pating sriwêt, ilining toya kumriwik anjog trêjunging jêjurang mancur kasorotan surya gumêbyar, amawa cahya pindha sambartaka anucup toya, dhawah ing sela gajah miring muncrat apindha wrêsti, sumawur anêrak hawa, sang rêtna karênan tumonton langêning toya, lênggah wontên tambining wrêksa saha lulur-lulur suku sarwi anyawuki toya amasuh pada, waspanipun tètès botên karaos, asêsambat:

Maskumambang

dhuh pangeran dununge katrêsnan mami / baya tan supêna / dasihe kawêlas asih / angambah wana wulusan //

pada rapuh darêjêg ingkang ngengingi / sêbit kang busana / dening pangrèndhèting êri / tan surud mêksa sinêrang //

lir siniksa ngambah pêparanging ardi / rusaking wadana / kasongan panasing rawi / babo sapa kang kelangan //

dasihira mung angayam-ayam pati / lamun tan panggiha / kalawan pangeran mami / marmènggal nyawa nusula //

yèn kasuwèn babo lamun tan mênangi / ingsun nganyut jiwa / pira larane wong mati / tinimbang dadi pocapan //

jêr awake cilik mula mêmarahi / anèng pacrabakan / anggung gawe awèh liring / lah iki kêpriye mana //

liringira dadi ingsun tuku pati / nanging iya ora / lamun sira gêlis prapti / ngong anti nèng pinggir sêndhang //

Kados sarêng lampahipun, ananging cariyosipun kadamêl [kada...]

--- 23 ---

[...mêl] gêntos, tindakipun sang pangeran saking kadipatèn ugi wanci anggagat enjing, lêpas lampahipun amurang marga ngambah pasabinan tanêmipun wanci gumadhung, ijêm anglangut ebah kêtrajang ing angin kados ombaking sagantên lirap-lirap, kumriwiking toya bêdhahaning galêngan anjog ing tulakaning sabin ngandhapipun munthuk pêthak pating plêmbung arêroncenan pindha cakênthunging sinomipun sang rêtna, amêmungu rujiting galihipun sang pangeran, cangak mabur urut-urutan kados atuduh margi, êmprit unjal nusuh têngahing godhong pandhan, uwitipun manglung ing wangan, adamêl ewaning galihipun sang pangeran, panglocitanipun: kapriye dene khewan cilik bisa olèh kasênêngan agêndhon rukon, manungsa sing kaya aku malah kasarakat, gêndhon rukon manèh bisaa, kêtêmu wae kang tak upaya durung mêsthi. Tindakipun sang pangeran dipun lajêngakên dumugi ing parêdèn ngambah pagagan, panasipun sumingêb ngantos rumaos botên kuwawi anglajêngakên lampah, pados pakèndêlan wontên sangandhaping kajêng gayam angrêmbuyung, uwitipun kêkalih angapit sêndhang, antawising uwit wontên selanipun agêng kacêpit ing oyoding gayam kados kêkayud, ing nginggil lètèr, toyanipun akimplah-kimplah lubèr mili dhatêng wangan, sang pangeran karênan ing galih wijik pada lajêng minggah ing sela lètèr [lè...]

--- 24 ---

[...tèr] anggaloso sarean, angin sumribit kados angiliri sumuking sarira, miyarsa ungêling pêksi bêrkutut asêsauran, nonop ing êpanging kajêng, sang pangeran kêgagas ing galih angèngêt-èngêt citranipun sang dèwi, panglocitanipun: adhuh, apa ana wong duwe warna kaya yayi Apyu, mokal yèn Gusti Allah nitahna manèh manungsa kaya mêngkono.

Pangkur

mungkur karênaning candra / nira Apyu tuhu punjul ing bumi / wadana lêkêr dinulu / dhasar mêntas lêlampah / kasorot ing raditya ing wanci surup / lumarap silêming tirta / gumêbyar lir sitarêsmi //

netra lir sagara muncar / kocak dening gênjoting kêdhèp aris / imba jait amalêngkung / bayu ijo rumêngga / angawêngi kadi têtali gumantung / pangarasan maya-maya / masmu rêkta dening gêtih //

waja rêntêt runtut rata / putih gilap pindha tètèsing warih / wèh kêsare kang andulu / lathi sigar ing wohan / mèngèr-mèngèr kadi gêbyaring kang banu / tumrontong madhangi jagad / wèh enggar isining bumi //

rema mêmak ngendrawila / kadi sêkar bakung kasilir angin / kêkêtêp kadi [ka...]

--- 25 ---

[...di] pinatut / ngrompyoh§ ngrompyoh verk. V. ron kêpoh punika kathah panunggilanipun ingkang nyimpang saking rimbag, kadosta: ngronje verk. V. ron gênje, ngropèk van ron kêpèk (= kara) ngrangkung = ron kangkung, ngrayung = ron lêmbayung. anyimbar wrêksa / athi-athi nyaluwêng ngudhuping mênur / jaja wêwêg wêlar wijang / sarira ambêngle keris //

babo kang purnama kêmbar / ingkang wanci yèn pêlêm matêng ati…

Dumugi samantên sang pangeran pêtêng paningalipun, wusana kantu ngantos sawatawis dangu, sarêng wungu kèngêtan yèn sariranipun nate anggêguru kalêpasaning ngèlmi panggandan, sarêng dipun watêk lajêng sumêrêp puruging lampahipun Rara Apyu enggal tinututan, mila lampahipun namung untap-untapan kemawon, sarêng dumugi sacêlaking sêndhang: panggandanipun kèndêl mulêk wontên ing ngriku. Sang rara pinanggih tumungkul sarwi mêtêk pada, luhipun carocosan, botên sumêrêp dhatêngipun sang pangeran, sumêrêp-sumêrêp sampun rinangkul sarta dipun arasi pungkuranipun, sang rara kagèt, nanging lajêng sumêrêp yèn ingkang raka, sang ayu apongah-pangihan katêmbèn dinêmèk ing kakung ingkang dados têlênging manah, wicantênipun: nyawa, aku ora nyana yèn bisa kêtêmu

--- 26 ---

kowe, sing nuduhake paranku mrene: sapa.

Ora ana, iya mung saka kêncênging ati sarta kalawan pitulunging Allah.

Têkamu murungake patiku, iku yèn prasêtyamu kotuhoni, têlênging atiku mung mênyang kowe, aku ora abot labuh pati tinimbang kowe mrêngkang saka wisesaning wong atuwa-tuwamu kang nyimpang saka pranataning agama, awit kowe bakal tumiba ing nistha sarta koncatan sih dening anjurungi karêpmu kang ingaran ora bênêr sarta anglêlingsêmi utawa anggêgawa marang sanak sadulurmu, apadene bakal angilangake kaurmataning turunmu, iku kabèh kang dadi jalaran: awakku, mulane ilanging pakèwuhmu kudu wadal nyawaku, aku ora anggrantês lan ora ngarani cidraning ubayamu.

Têkaku iki amratandhani yèn ora ngowahi prasêtyaku kang kasêksèn witing nagasari ing patamanan raja, kumrisiking angin anggawa sugônda arum, obahing gêgodhongan ing pataman, iku padha nêtêpake ing prajanjianku mau, dhèk samana kowe durung diwasa, saiki wis nêdhêng birai, pantês-pantêse saiki aku wis bisa olèh pratandhaning sih katrêsnanmu. Dene karêpe wong atuwa-tuwaku, upama tibaning udan sinêmèni kumrasak anggêgirisi, nanging ana kanyatakane ora, dening wis tak kalumuhi [kalumuh...]

--- 27 ---

[...i] lunga saka nagara. Karêpku: yèn kowe condhong, aku arêp ambanjurake oncat saka têtêkêmaning wong atuwaku, kaya-kaya aku bisa urip kanthi sênêng anggawa sangu kalawan pawitaning kapintêranaku, anggêre sakaroron karo kowe, tinimbang aku mindêng susah sajroning kamuktèn ana wêwênanging wong tuwaku, bêcik mindêng bungah sajroning kasrakat saka kaskayaku dhewe.

Aku ora mancèni marang bantêring tekadmu dhasar alambaran kawruh. Ananging bokmênawa durung kopikir sing matêng, mungguh kalakone karêpmu kang mêsthi aku lan kowe banjur tumiba ing papa, padha uga wong bingung ana ing saba paran, ora karuan tujuning karêpe, luwih manèh nganggo kaputungan sangu, prasasat kanêpsone bocah marang bapa biyunge, sanadyan nganti anjêbolake langit sap pitu, malah winasesa jinêmpalan marang bapa biyunge mau, pakolèhe mung nandhang lara lan pituna, mangkono uga karêpmu iku, ora beda karo pamularing bocah mau. Panêmuku kang sayoga linakonan, kowe mituruta marang pangrèhing rama ibumu pinalakramakake olèh putri kang timbang lan kaluhuranmu, aku narima wahdat tanpa krama utawa nganyut pati andhisiki kowe. Prasêtyaku iki apa wis ora nyukupi yèn sih trêsnaku luwih saka kowe. Dene karêpmu aku

--- 28 ---

kopurih nglanggati tibaning sih iku dudu pratôndha yêkti, malah kinosokbali dadi talutuhing jagad anyirnakake rahayuning budi.

Wangsulanipun sang pageran: mungguh prasêtyane wadon kang kaya prasêtyamu mau patut tinuku ing larapati, sarta aku uga wis nyandhak liding karêpmu mau yèn mung anglungguhi marang kautaman sarta anêtêpi pêpacaking agama, dadi ora ngilangake aran bêcik ing salawas-lawase. Aku iya amrayogakake lêstarine sêdyamu kang marang kautaman, sarta aku narima bakal anampani sih ana tibaning môngsa kang pinarêngake dening Allah, amarga aku ora bisa anglakoni among suka saka pamardining yayah rena kang nyimpang saka karêpe kang nglakoni, awit prasasat wong pinêksa mangan sêsukêr, saiba koguging ati, pêpuntoning atiku: aku bakal labuh marang kowe, ninggal kawibawan lan kaluhuranku, tinimbang aku bakal simpên susah sajroning mukti bêcik bungah sajroning papa, tur durung karuan yèn aku tumiba ing papa dening kagunanku arupa-rupa saka piwulanging guru-guruku.

Karêpmu kêpriye.

Kowe arêp takjak lunga rangkat mênyang tanah kang ora kêbawah kaparentah ing nagara Indhu, ing kana aku lan kowe bakal gêndhon rukon ing salawas-lawase.

--- 29 ---

Apa kowe ora bakal kêduwung.

Kêduwung iku wong kang ora duwe marêm, ing kene aku ora tinêmu marêm, kêpriye gonku bakal kêduwung ana ing kana, apêse iya mung kaya saiki bae, iku yèn kowe ora pinarêngake dening Allah dadi jodhoku, ananging Gusti Allah iku sipat rahmad lan rakim, sapa têmên-tinêmênan, apa aku lan kowe ora têmên-têmên aprasêtyan.

Lah ing mêngko apa kang pinikir manèh, kajaba mung banjur dilakoni, karêpmu mênyang ngêndi.

Kowe arêp takgawa mênyang nagara Kusta, iku misuwur gêmah arjane, wong ora kangelan golèk pagawean kang kêna ginawe cagak katêntrêmaning uripe.

Ing Kusta kalêbu adoh saka ing kene, kang ginawe sangu apa.

Aku wis anggawa sangu dhuwit sawatara cukup ginawe prabeyaning laku lan katêntrêman têkane ana ing pondhok sadurunge olèh pagawean, lah iki dhuwit êmas sarajut.

Wa, yèn dhuwit êmas sarajut prasasat cukup ginawe kasênêngan salawase urip, ananging aku duwe sumêlang yèn wong lêlaku adoh anggawa dhuwit akèh iku sok bisa

--- 30 ---

amêmurung laku dening dhuwite iku dadi sambekala, sing mêsthi mindêng rumêksa marang dhuwit iku angungkuli rumêksane marang awake dhewe, karêpku: bêcik anggawa sacukupe bae, saturahe gawenên kabêcikan marang wong padesan ing bawahmu kene, bokmênawa ing têmbe ana pamalêse marang kowe.

Yèn aku ora mêngkono, sumêlang sing disumêlang apa, anggawa dhuwit êmas ora kasat mata ing liyan, beda karo anggawa dhuwit salaka katon motol-motol, awit sing pêrlu dakkawekani yèn wis ana ing saba paran, sadurunge olèh pagawean aja kongsi tumiba ing papa dening kaputungan laku.

Yèn wis dadi kêncênging atimu aku mung jumurung, mung sok uwis aku kôndha, dadia tambahing pangati-atimu, tutug ing panggonan kang sinêdya.

Sarèhning wis gilig ing rêmbug sakarone, lah payo saiki mênyang karajaning desa kang katon iki, ngrampungake prajangjianing paningkah, dadi ênggone bakal lunga andon wis ora nganggo sônggarunggi, tutug ulah rarasing karasikan ana ing panggonan satibaning lakune, sangune wis nyukupi ginawe prabeya sapantêse.

Iya prayoga mêngkono yèn kowe wis nyata kêna takantêpi.- [ta...]

--- 31 ---

[...kantêpi.-]

Iku catur kang tanpa gawe.

Kacariyos sang pangeran sarta Rara Apyu tindak saking pakèndêlan, lampahipun awirandhungan, mêngkêrakên wana tarataban ngancik pagagan, pantun gaga katingal ijêm angrêmbaka, sawênèh sampun malêncuti, pêksi êmprit anêba ginusah sarta binandhilan dhatêng lare ingkang têngga sarwi sabawa: we yo we yo. Anglam-lami pamirêngipun sang among wingit, timun sêkaripun angayangan pating prêlok pindha kokar rêrêngganing pranaja sawênèh sampun sumêrit, Rara Apyu kêpengin badhe angilèni, nanging kawêkèn botên gadhah arta pêcah, sang pangeran sumêrêp enggal mitêmbung angilèni timun wontên saking gangsal kemawon sarwi ambikak rajut mêndhêt arta mas satunggal botên mawi owêl, ciptaning galih: namung anggêripun sang ayu kadugèn karsanipun, ingkang gadhah timun nuju dhangir dipun pitêmbungi ngilèni timun gangsal sarwi nêdahakên wang mas satunggal, gugup ing manah enggal mêndhêtakên timun ingkang sawêg sumêrit-sumêrit sampun pikantuk sadasa taksih badhe dipun lajêngakên, lajêng dipun pênggak dhatêng sang pangeran: êmpun pak sêmontên mawon, (sang pangeran namurkula, janji tiyang sêpuh dipun basani). Timun dipun saosakên sang pangeran sarwi nampèni yatra mas kalayan bingahing manah, sarta

--- 32 ---

lajêng mantuk asanjang-sanjang dhatêng têtiyang ingkang kapanggih yèn wontên priyantun jalêr èstri kados anamurkula, bèr budi sugih yatra mas, ingkang kêtingal kemawon sarajud, botên dangu kêwêntar têtiyang ing ngriku sadaya sarta lajêng anjirap sami ningali. Umbulipun karajan ing dhusun Gumantar anama Pêdhakbrama, inggih sampun midhangêt pawartos, gawoking manah angêmu wados, panglocitaning manah: anèh têmên wong bèr budi gêlêm tuku timun sapuluh kalawan wang mas siji, iku yèn dudu benggoling kècu iya wong inggatan, apêse wong rangkat, awit anggawa wong wadon, aku wajib nindakake prakara iku kalawan rêpit, aja nganti gawe girase wong iku sarta iku bakal sumurup ing kanyataane, coba tak têmonana dhewe apa sing dadi kaniyatane.

Sang pangeran arêruntungan malêbêt ing dhusun nyabrang lèpèn alit sêsidhataning lèpèn agêng ing Gumantar, lêbêtipun namung sadhêngkul, dhasaripun wêdhi grasak, sakalihan sami wijik pada katumpangakên pongoling sela ingkang botên kacakan toya, mêntasipun sagêda katingal rêsik badhe ngambah salêbêting dhusun, mêntas saking lèpèn kapêthukakên kalihan Umbul Pêdhakbrama, sarta ingacaran: môngga anggèr kula aturi lajêng pinarak ing sudhung kula, kula umbulipun ing dhusun Gumantar ngriki.

--- 33 ---

Sang pangeran kagèt salêbêting galih dene sariranipun sampun misuwur ing têtiyang sadhusun anjirap sami ningali sarta sampun pinêthukakên ing umbulipun, wusana ngandika: inggih paman, samang kriyin tuduh mêrgi, lan bangêt panarima kula sih marmane paman têng kula.

Sumôngga anggèr, kula rumiyin, lah punika warninipun sudhung kula, panjênêngan sampeyan kula aturi pinarak ing pandhapa, rayi sampeyan kajêngipun pinarak ing griya, kêpanggih ingkêng bibi.

Ênggih paman.

Kula ngaturakên sugêng sampeyan.

Ênggih paman, samang sami wilujêng.

Môngga dara ayu kula aturi pinarak ing ngambèn.

Ênggih bibi.

Kula ngaturakên sugêng sampeyan dara ayu.

Ênggih, samang sami wilujêng.

Inggih nuwun.

Napa êmpun rampung angsal samang andêrêpake.

Dèrèng: dara ayu, kantun kalih ibên dèrèng dipunni ketanggêlan dèrèng sêpuh, kados sapêkên êngkas kenging dipun pêndhêti.

Panèn môngsa katiga niki pantun napa: bi.

--- 34 ---

Panèn katigên makatên nama pantun wulu, dipun wastani panèn gabên.

Paman, dhatêng kula ing ngriki dhapur angribêdi, lare èstri sing sarêng lampah kula wau: pacangan kula, wiwit lare mila, ing mangke ajêng kula rêsiki ontên masjid samang ngriki, kula nêdha pitulungane paman prasabên têng ki pangulu, sakancane tuwin abon-abon sapanunggalane napa carane dhusun ngriki samang èntêni sêdantên, kula mung kantun amêrnèkake arta mawon sapintên cêkape.

Umbul Pêdhakbrama sarêng midhangêt pitêmbunganipun sang pangeran, sampun andugi yèn tamunipun tiyang rangkat sarta kinintên anginggatakên yatranipun tiyang sanès, anggadhahi cipta badhe nandukakên piawon, wangsulanipun botên salêrêsipun, namung angecani manah kemawon, kajêngipun: mênawi sampun kalampah aningkah lajêng badhe kacêpêng kaaturakên ing nagari, dene ingkang dipun manah pêrlu kacêpêngipun arta mas, punika ingkang badhe dados cilakaning prakawis colong. Anggèr karsa sampeyan punika gampil kalampahanipun, prakawis pangulu sakancanipun kêlêbêt dados kalerehan kula, namung kantun andhawahi kemawon, abon-abon bibi ijêngandika sagêd angwontênakên kalayan gampil, saking pangèstu sampeyan ing ngriki botên kêkirangan punapa-punapa [punapa-puna...]

--- 35 ---

[...pa] namung arta srakah, punika ingkang kêdah dipun wontênakên, awit badhe katur dhatêng nagari, nanging kathah kêdhikipun miturut têtiyangipun, dados kula dèrèng sagêd angwontênakên bilih dèrèng têrang têtiyanganipun, panjênêngan sampeyan asma sintên, ingkang apêputra sintên, apangkat punapa, punika badhe kalêbêt ing buk.

Wangsulanipun pangeran: arta srakah badhe kula wontênake kiyambak, sapintên kathah kêdhikipun botên kula manah, abon-aboning paningkah samang wêrnèkake minôngka tandhaning katrêsnan: ênggih sangêt panêdha kula. Dene samang êmpun botên susah pitakèn nama kula tuwin namane bapa kula, kang mêsthi samang ênggih êmpun nyandhak liding wangsulan kula wau, ontêne kula kongsi têkan ngriki: ênggih ontên sababe gêdhe mungguhing kula, nanging dede prakawis kadurjanan, lan panêrak kang nyulayani anggêring nagari, mung prakawis kula kiyambak, niku samang pitados yêktose wicantên kula niki, awit salamine kula dèrèng nate utawi botên badhe sinau wicantên dora, niku têmên mugi samang andêl wicantên kula wau. Lah niki arta mas salawe samang tampèni kangge upakartine pikramèn kula, samang rêngga ing sapatute, samang angkah benjing dhawah ing wulan purnama, niki êmpun tanggal ping pitu, dados ming kirang pitung dintên kalampahan. Yayi

--- 36 ---

dèwi (pitêmbungan yayi dèwi anuwuhakên panggraitanipun Umbul Pêdhakbrama yèn ingkang namurkula satuhu trahing kusuma cidra ing panjênêngan ratu, saya mêmpêng sêdyanipun badhe adamêl piawon). Samang sanjangi kajêng kula wau, lan pun bibi samang purih ngupadrawa ing sapantêse mawon sarta agônda wida, nanging botên apêpaès, liyane ênggih napa cara-caraning pangantèn, badhene minggah kiyambak têng masjid.

Inggih: gèr, sandika, sampun mawi kuwatos, punapa ingkang dados karsa sampeyan amêsthi badhe kêlampahan kalayan sampurna.

Nyai Pêdhakbrama tilas badhaya ing karaton, anggènipun laki sampun kaping pitu, wêkasanipun angsal Umbul Ki Pêdhakbrama wau, tampi parentah saking laki dipun kèn andandosi sang juwita, cara pangantèn, Nyai Pêdhakbrama sampun botên kewran. Sang ayu binonyo ing kum-kumaning oyod-oyodan ingkang wangi-wangi, linulur pathining êmpon-êmpon, rinatus ginônda wida, botên rinêngga ing pêpaès, namung kapêthêt wuluning athi-athi sarta kapagas palêngkunging imba, dinulu saya amarasêmu kadi pangantèn ingkang mêntas pinurwa ing gati, riyêm-riyêm pindha kartika mabangun, rikuh kapadhangan soroting surya ingkang sawêg mungup saking tancêbing langit, têmah alingan kêmul cakrawala ngêdhêm angêntosi dhadharing

--- 37 ---

sitarêsmi, makatên pêpindhanipun sang ayu katingal rikuh dhatêng sang pangeran, sang rêtna dèrèng maharjèng busana sawêg dipun alub-alubi lênggah salêbêting gêdhong, kathah ingkang kagagas ing galih, pangunandikanipun: satêmêne aku iki ora aran bêgja laki pangeran adipati anom kang ginadhang raja, awit sang pangeran olèh bêbênduning Allah, ambaèkake pituturing sudarma linggar saka ing kadhaton, tinggal kawibawan, kang dadi jalarane: rupaku, dadi rupaku kang mêrak ati gawe linglunging wong kang andêlêng, satêmêne malah dadi talutuhing jagad, karana aku kêna ingaranan dadi satruning nagara rangkat karo sang pangeran, dadi jalaraning bilaine, iba dosaku marang Allah, lulusku kagarwa ing sang pangeran, padha uga karo laki olèh lêlaran, awit sang pangeran têtêp aran wong ngulandara, kang jalaran saka panggawene rupaku, apa aku duwe cipta suda katrêsnanku marang sang pangeran, iku ora pisan-pisan, sanadyan mung ngimpi bae: ora, malah wuwuh sungsun timbun atumpa-tumpa, ananging katrêsnanku sajroning urip, iku ora nyukupi pamalêsku mungguhing sang pangeran, malah dadi wisaning sugênge, kang sayoga kudu tak labuhi pati, patiku olèh aran bêcik, sêtya tuhu marang janji, lan dadi têbusan pamurunging sangsarane sang pangeran, sêrêt ulonipun sang ayu ngalèlèh wontên ing

--- 38 ---

pasarean, wusana narik napas puput yuswanipun kasumêrêpan Nyai Pêdhakbrama, anjrit karuna asambat: kêna ngapa iki mau. Sang pangeran gita malêbêt, sumêrêp ingkang rayi sampun asawang layon, linglung dadakan: wusana kantu. Ki Pêdhakbrama enggal dhatêng atêtulung, lajêng bisik-bisik, wis nyai aja rame-rame, iki karo pisan wis padha mati, bêcik banjur tak kèlèkake ing bêngawan bae, tinggalane dhuwit akèh, dhèk mau kanthonge rajut dititipake marang aku, isi dhuwit mas kabèh. Sang pangeran sangêt kantu tanpa nglilir: sanadyan pramananipun taksih ebah. Pamanahipun Ki Pêdhakbrama janji dipun lêbêtakên ing toya inggih lajêng dados lan pêjahipun sayêktos. Ing wanci sontên putra putri kabungkus ing mori pêthak kapocong kados satataning layon, lajêng kakèlèkakên ing bênawi, sang putri lajêng kasarap ing baya lulus ing sedanipun, sang pangeran angsal parmaning Pangeran, tumumpang ing ramon kèli lêpas purugipun, nanging taksih salêbêtipun kantu.

Ki Pêdhakbrama lajêng suka-suka kalihan anak putu tuwin rencang-rencangipun sadaya, dèrèng kacariyosakên lajêngipun.

Kacariyos kados sarêng lampahipun sadhèrèkipun jalêr Rara Apyu ingkang nama Gêniroga, salolosipun sang

--- 39 ---

pangeran kalihan Rara Apyu lajêng anututi botên kantênan lurugipun sarta tanpa sêdya, namung anut saparaning suku turut bênawi, sarêng dumugi tikungan, wontên ing pawêdhèn sangandhaping kajêng ingas, wontên baya mêntas saking kêdhung kados anandhang sakit, mungkak-mungkuk badhe mutah (wusana lajêng mutah pocongan) sasampunipun mutah baya lajêng wangsul ambyur dhatêng kêdhung, Jaka Gêniroga anyêlaki panggenaning pocongan, botên wontên gandanipun mayid, dipun uthik-uthik ing têkên sirahipun, tangsul muka wudhar kêtingal gumêbyar pindha wulan karainan, wusana botên pandung yèn punika adhinipun Rara Apyu, enggal dipun rungkêbi sarta dipun tangisi, dene pinanggih pêjah kauntal ing baya, lajêng dipun bikak buntêlipun mori, ing nglêbêt taksih mangangge sarwa sae kados mêntas dados pangantèn, kêkêtêgipun dipun tingali taksih ebah, botên dangu nglilir sang paripurna, kados punapa bingahipun Jaka Gêniroga, Rara Apyu enggal dipun rangkul sarta dipun tangisi malih. Rara Apyu pitakèn: êndi kangjêng pangeran, lan têkamu apa wis suwe.

Jaka Gêniroga lingak-linguk sarta botên sagêd mangsuli ingkang dados pitakènipun Rara Apyu, wicantênipun: Mêngko, ta, aku mau ki nêmu pocongan jisim diutahake saka cangkêming baya, lah iku buntêle mori isih nglumbruk [nglu...]

--- 40 ---

[...mbruk] wusana jisim mau urip dadi kowe, kêpriye olèhku bisa mangsuli pitakonmu mau, aku ora kêtêmu karo kangjêng pangeran.

Rara Apyu angrêmpêlu salêbêting manah: dadine aku iki mau mati sarta wis dibuntêl ing mori iku, nanging dhèk kapan olèhku dicaplok ing baya, aku ora wêruh, lan aku têka dadi lunga saka ing omahe biyung Pêdhakbrama: apa dhèk aku sêmaput ana ing paturon kae dianggêp mati sarta banjur dibuntêl ing mori dicêmplungake ing bangawan iki, mung iku sing rada ana èmpêre. Si kakang bêcik ora takkandhani bae, mundhak amêmurung laku. Panggagasipun Rara Apyu lêlampahanipun kalêbêt dados kaelokan mila lajêng kèndêl, angênêb basa, sêdyanipun namung badhe ngupadosi sang pangeran, ketang wêlas dene sampun dipun labuhi tilar kawibawan, badhe wangsul dhatêng griyanipun Ki Pêdhakbrama kamanah kathah pakèwêdipun, dening wontên lêlampahan awakipun dipun kèlèkakên ing bênawi. Wicantên dhatêng kakangipun: kakang, yèn kowe wêlas marang aku, aku tutna saparanku, aja kopalangi kang dadi karêpku, sêdyaku banjur anggolèki sang pangeran, ora bali mulih, takpunagèni olèhku anggolèki nganti tumêka ing pati: ora mulih yèn ora kêtêmu.

--- 41 ---

Wangsulanipun Jaka Gêniroga: wis mêsthi kowe taktutake saparanmu nganti bisane kêtêmu karo kangjêng pangeran.

Gêntos kacariyos kentiripun sang pangeran ngantos dumugi sungapaning sagantên wêdhi, kentas wontên ing gisik, dening kasêmpyok ing alun, dipun panggih tiyang Baduwi ingkang sami misaya ulam enggal kabikak ulêsipun inggih punika ingkang dipun meliki, saking takdirollah sang pangeran amanggih sugêng nglilir anggènipun kantu, ing galih sakalangkung kagèt dene sariranipun pinanggih wontên ing gisik samudra mêntas kabuntêl mori pinindha mayit, ingadhêp tiyang cêmêng-cêmêng pating caruwèt, sami ugi kalihan kagètipun tiyang Baduwi dene manggih mayit dados gêsang, ciptanipun badhe kasade dhatêng juragan tiyang. Sang pangeran botên suwala dening botên sumêrêp basanipun, namung priksa sakêdhik kalih kêdhik nalika winulang ing pawiyatan luhur inggih punika basanipun tiyang Baduwi, sang pangeran anggraita yèn sariranipun kalêbêt ing bêbaya agêng, sampun sumêrêp cariyos wêwatêkanipun bôngsa Baduwi, manggan sarta siya-siya dhatêng sasamining tumitah, botên dangu tiyang Baduwi ngatag lênggah dhatêng sang pangeran sarta asasmita dipun jak kesah, sang pangeran botên talompe wungu saking pocongan, sarèhning sampeyanipun kêbêbêd ing mori dangu, tindakipun ragi saleoran, punika dipun kintên [ki...]

--- 42 ---

[...ntên] damêl-damêl, sang pangeran dipun dhodhog kapurih enggal tindakipun, sawêg punika sang pangeran jajal-jajal kadhawahan tangan tiyang, rumaos kenging wêwêlakipun ingkang rama anggènipun mrêngkang nulak karsa botên angajêngi dhatêng pandamêl sae nêmah dhatêng pandamêl awon, ananging gêtunipun sampun kasèp, sarta botên lirip ing tekad anggènipun labuh pati dhatêng pacangan, mila lajêng kapupus punapa dhawuhing takdiripun badhe dipun lampahi kalayan eklasing manah, supados angènthèngakên panggalih nyangkul sakathahing padamêlan awrat ingkang badhe dipun lampahi, awit sang pangeran sampun mirêng rêraosaning Baduwi yèn sariranipun badhe dipun sade dhatêng juragan tiyang ing Yahman, sang pangeran angrês galihipun tut wingking tiyang Baduwi ngambah pawêdhèn ing wanci tibra kala, sampeyanipun malêpuh sampun botên karaosakên, ciptaning galih: sanadyan pinupuha ing tiyang Baduwi bilih sang pangeran sampun ambruk sayêktos ical karkatipun dados yèn mangke siniksa gampil ing pêjahipun, ciptanipun sang pangeran tansah sulaya ing pangajêng-ajêng, tindakipun sampun angêtok karosan, taksih tansah dipun pisakit turut margi, dening namung kamanah rindhik, botên rikat kados piyambakipun, têka gadhah têpa bêtah ing panas ngantos kados minangsi badanipun, sarta ngapal ing talapakan ngantos kados kuliting warak,

--- 43 ---

punika sampun botên kemawon. Sang pangeran anguwat kuwatakên lampah ngantos dumugi ing griyanipun tiyang Baduwi, griya wau botên wontên èmpêripun griya tiyang, namung adhapur sudhung wontên ing lêlêgokaning pundhuk pawêdhèn, têtiyang Baduwi lajêng sami nêdha pating kucapak, sêkul ulam panganan dipun carub dados satunggal, lajêng dipun suri puhan, dipun wênyêt kalihan pisang, blêkêtrêk kados têdha babi, sang pangeran sangêt gigu ing galih, wusana rampunging nêdha: lorodanipun dipunsukakakên dipun purih nêdha, sang pangeran botên karsa dhahar anêmah luwe, dipun pêksa namung tansah kèndêl, lajêng dipun gêbagi ngantos ngêmu rah, inggih mêksa kèndêl kemawon sarwi ambêtah-bêtahakên sakit, namung ngajêng-ajêng lajêng dipun sedani, wusana sêsêpuhipun Baduwi wicantên, jarwanipun: wis aja kopêksa mangan, ora kêna ginawe bêcik, wong mung dipurih lêmu awake supaya akèha rêgane yèn didol bae: ora gêlêm, dipilaur lara awake, sesuk yèn ngêlèh amêsthi gêlêm mangan. Baduwi sanèsipun wicantên: yèn sesuk gêlêm mangan, yèn ora: môngka dadi kalirên utawa mati: kêpriye, ora wurung kelangan mung bathi ambuwang bathang, Baduwi sanèsipun malih wicantên: bêcike saiki diangkatake bae didol mênyang juragan sapayu-payune tinimbang karo rawat bakal bathang,

--- 44 ---

bêcik kangelan saiki, kuru-kuru lowung isih bisa dadi dhuwit, ora usah dilêmokake. Rêmbag punika ingkang dipun rujuki ing kathah, lajêng matah Baduwi kêkalih ambêkta sang pangeran lumampah dalu, awit yèn kabêkta ing wanci siyang kuwatos sumêlang mênawi ambruk wontên ing margi dening risaking awakipun, botên kuwawi lumampah panas ngambah ing pawêdhèn, sang pangeran dèrèng têntrêm sariranipun mêntas sayah alêlampah lajêng dipun gêbagi, wusana lajêng dipun jak lêlampah malih ingkang dèrèng dipun sumêrêpi têbih cêlakipun, sang pangeran eklas ing galih lilah ing sedanipun, sarta sadaya lêlampahaning sarira anggènipun manggih papa cintraka, punika kaanggêp lêrês têrusing galih, awit salêbêting galih tansah kibir ngêndêlakên kasagêdanipun, ing mangke nampèni pamêlèh wontên tanganing Baduwi botên kenging dipun sadèni kasagêdan ingkang kangge tiyang ing alam donya, ingkang kangge tiyang rosa saha lêma, sang pangeran lajêng pinêksa mangkat ing dalu wau, sigêg.

Gêntos kacariyos, sajêngkaripun Sang Prabu Ôndakara sakalihan sang pramèswari pêpara dhatêng pasanggrahan sacêlaking narmada, ikang para putra sami kadhawuhan pêncar purugipun bêdhat pikat ing wana ngiras ngulari ingkang rayi pangeran adipati, wontên putranipun sang prabu ingkang pambajêng saking ampeyan, ajêjuluk Pangeran Prabanggêni, gêrah galihipun dening sasirnanipun [sa...]

--- 45 ---

[...sirnanipun] ingkang rayi Pangeran Adipati Prabangkara, botên ginadhang anggêntosi ingkang rama, karsanipun kabiyanton dhatêng ingkang rayi-rayi sakawan ingkang tunggil bibi, lajêng ngraman, nanging botên amurih risaking wadya, namung angêngirup tiyang sarta namung jumênêng pangeran adipati, karsanipun anyêmoni dhatêng ingkang rama yèn sariranipun nyuwun kaangkat dados pangeran adipati, awit panggalihipun: ingkang rayi Pangeran Adipati Prabangkara sampun têtêp nama awon, ambadal karsanipun ingkang rama sarta lolos tilar kawibawan, ngupadosi tiyang èstri ingkang alit kawijilanipun, balelanipun sang pangeran inggih sampun konjuk kauningan ingkang rama sarta sang prabu inggih sampun nyandhak dhatêng pasêmonipun ingkang putra Pangeran Prabanggêni yèn nyuwun kaangkat dados pangeran adipati anom, ananging botên kagalih saking awrating sihipun dhatêng ingkang putra Pangeran Adipati Prabangkara, mila balelanipun sang pangeran: ingandikakakên ngèndêlakên kemawon, ing wingking badhe kagalih mênawi ingkang putra pangeran adipati anom lêstantun ing murcanipun, sigêg.

Gêntos kacariyos, Rara Apyu lajêng alêlampah tanpa sêdya anut paraning suku dipun tutakên dhatêng kakangipun Jaka Gêniroga, dumugi sukuning rêdi Padhas, satêngahing wana Wulusan amanggih sêndhang toyanipun biru saking bêningipun, satêpining

--- 46 ---

sêndhang kubêngan têtuwuhan sompol wana angrêmbuyung, sêkaripun abyor dados pêpaèsing sêndhang asri dinulu, udaling toya namung katingal marêmpul, dening têlêngipun korugan latêk saking bosokipun gêgodhongan ing wana, utah-utahan toyaning sêndhang dhawah ing pêpèrèng sela curi, kumriwik pating srèwèh anêngsêmakên pandulu, ing ulon-uloning sêndhang katuwuhan mandira goraya, suluripun dhawah sanginggiling toya pating srawe ebah kapanduk ing maruta pindha tangkêbipun langsening patanèn, anênangi rujiting manahipun Rara Apyu, ardinipun alit padhas pêthak pating krêlip, mila nama ardi Padhas, asri dinulu saking katêbihan, marginipun limit alamat-lamat kados wontên tilasipun tiyang ingkang asring mlampah dhatêng sapucaking ardi. Rara Apyu anglajêngakên lampahipun minggah manginggil, kapengin badhe sumêrêp pucakipun, sangêt rêkaosing lampah dening botên nate lumampah minggah ing ardi, sinêngkakakên sampun dumugi ing pucak, pucaking ardi katuwuhan kajêng kusambi ayom angrêmbaka, tambinipun mubêng ulêt-ulêtan pindha taksaka gambuh, lambunging ardi ingkang iring lèr mêdal toyanipun mancur dhawah ing jêjurang, botên kalap kangge têtanèn, imbanging ardi ingkang iring kidul wontên guwanipun tilas patapan, taksih katingal wêwêngkonipun, mawi yasakambang kisèn toya rêrêmbêsan,

--- 47 ---

botên sagêd suda, nanging botên sagêd ambèr, Rara Apyu sêngsêm aningali pasang rakiting guwa patapan, sumêdya kèndêl wontên ing ngriku, napak tilas dhatêng ingkang yasa patapan, angêntosi karsaning Allah dhatêng ing takdiripun, kakangipun dipun jarwani kajêngipun, namung sumarah anut sakajêngipun, amargi rumaos kawon kalêpasaning budi. Guwa lajêng pinaripurna rêsik angilak-ilak, korining guwa katingal gatraning tatahanipun pindha gapura, ingukir ngrawit ngemba lung têtuwuhan ing wana, katumpangan gatraning inêbipun sasisih mèpèd, sasisihipun mênga sapalih katingal amarasêmu, ugi sami ingukir pindha gêgubahan sêkar risudha, bungkulipun kados sêkar capaka mèdêm badhe mêgar, ing nglêbêt sakalangkung bawera, ing têngah wontên patanènipun, kasur bantal gulingipun padhas patèn, gêgêrêtanipun katingal pating krêlip amawa praba, sami ingukir sasêkaran, dalah sajèn-sajèning patanèn, kados ta: kêndhi pratola (= prethoela Skr.) dalah bokoripun, klêmut, lorobonyo, dilah sèwu sami padhas patèn sadaya, tiningalan pating pancurat anglam-lami pandulu, kamaripun ingkang alit patanèn: kalih sisih atêtêmbusan, sadaya wontên kanthilipun patèn, ginatra rêrêngganing pasarean, sarta pasrèn temboking kamar pindha lung gadhung rumambat bundhêt amulêt wit wilada, sawênèh [sawê...]

--- 48 ---

[...nèh] lung pakis sêmpal dalasan pangipun, punapadene prabatang dhongkar dening wirodhaning banthèng tandhing kalihan pragalba, buron wana kidang manjangan kancil katingal kabarasak ngungsi ing pêpèrèng, dinulu sangêt anêngsêmakên. Rara Apyu anjajah salêbêting guwa, amanggih kori ingkang sinamar, namung warni pasrèning tembok, ananging pêdhoting lung-lungan angantawisi yèn botên namung pasrèn, sayêktosipun kori sinamun, sarta katitik sasêlaning lunglungan wontên sasêratanipun, sarêng dipun waspaosakên sêratan Ibrani, Rara Apyu widagda dhatêng saliring sastra, sarêng dipun waos mungêl: ing jêro isi rajabrana agung kagungane Sang Prabu Karun, soroge wis matrap dhewe anutupi lomponganing gêmbok sumarma ana têngahing kudhupe kêmbang tarate kang isih mèdêm, kaubêngna mangiwa amêsthi lawanging gêdhong rajabrana mênga kalawan gampang. Rara Apyu botên talompe lajêng nyêpêng êgaring sêkar tarate sela kaubêngakên mangiwa, yêktos lumampah ebah jêthèt katarik mênga, byabyak. katingal rajabrana gumêlar sawiyaring gêdhong ingkang kasamun, Rara Apyu ngantos sumêngêrên, wusana lajêng katutup. Panglocitanipun: rajabrana iki yèn bêcik pangruktine lan panindake bisa dadi kasugihan angungkuli kasugihane para ratu ing ngalam dunya, sarèhning kasugihane wis ngungkuli ratu, arêp dadi ratu iya ora [o...]

--- 49 ---

[...ra] angèl, nanging yèn nganti walèh utawa kuwanguran malah bisa agawe bilaining awake, sanadyan si kakang kudu tak kawekani, ora tak balakani ananing barang. Bokmanawa saiki niyatku bakal katêkan, malês panganiayane ratu kang ambêk dir tanpa têpa nyimpang saka pêpacaking agama, coba tak rêmbugan mêtu karo si kakang.

Kakang: kowe apa wis nyandhak kang dadi karêpku lèrèn ana ing kene.

Durung, iya mung lagi nurut sakarêpmu bae.

Karêpku: aku arêp malih lanang banjur ngirup wong sakiwatêngêning alas iki utawa ing padesan-padesan liya-liyane, yèn wis kalakon suyud, aku banjur jumênêng ratu, kowe kang dakdadèkake patih.

Ih, tobil, athik kaya caturane wong andalêming mêngkono, kowe mau apa ngimpi: ta: rara, utawa apa owah pikirmu.

Titikên saka solahbawaku lan pratitising clathuku, luwih manèh yèn wus ana kanyataane, kowe bakal ora ngarani mangkono.

Iya bênêr nanging karêpmu iku padha uga karo ngrungokake kandhane wong mêntas ngimpi, awit wong ngraman iku kudu linulutan ing wong akèh, luluting wong saka bojakrama [bojakra...]

--- 50 ---

[...ma] lan dana.

Iya kakang aku iya wis sumurup, sarta kabèh iku iya bakal daklêksanani.

Sing kogawe bôndha apa, wong ngraman iku ora sêdhêng bôndha sapele, aku sumurup yèn kowe ora duwe bôndha.

Rara Apyu lajêng ngatingalêkên yatra mas sakojong sarta sêsotya, ingkang botên kenging minurwat ajinipun sakanthong anggènipun mêndhêt kala ambikak gêdhong rajabrana, têmbungipun: kakang aku iki duwe ngèlmu panggêndaman, bisa anjupuk dhuwit sathithik-sathithik saka ing ngêndi-êndi kang ora andadèkake sangsaraning wong lan ora bisa konangan, panyanane ilang cinolong ing lêlêmbut, utawa luput petunge, mulane kowe dingandêl marang aku.

Jaka Gêniroga malompong dipun cariyosi makatên, angintên yèn cariyosing adhinipun: têmên, sangêt ajrihipun, lajêng miturut punapa barang rèhipun Rara Apyu, têmbungipun: kêjaba: ta, yèn mêngkono, aku saiki ngandêl calathumu, lan miturut parentahmu, aku mung sadarma nglakoni, upama aku prau kowe kêmudhine.

Yèn wis mêngkono lêga atiku, karêpku guwa iki kang iring wetan, kulon lan kidul, dakbalowarti, takgawe ciyut [ci...]

--- 51 ---

[...yut] bae: sapos mubêng, kandêle rolas kaki, nganggo dokokan panggonan mariyêm, lor: ora susah dibalowarti, wis olèh jurang jêro, dokokana lawang tangkêban kang agapit wêsi: têlu. Lah iki dhuwit mas gawanên marang kutha ijolna dhuwit putih lan ngajaka tukang batu, undhagi, pandhe, kêmasan, sayang lan liya-liyane, wèhana bayaran tikêl, yèn gêlêm saanak bojone boyongana, karibêdane cukupên, bata wêdhi gamping: bêcik gawe ana ing kene bae, supaya wong banjur bisa gêlis akèh ngumbara nyambut gawe mrene, sukur banjur bisa katrêm, dhuwite êntèkna, aja gêmi, sing bèr budi, kowe ora bakal katêndhakan dhuwit saka pawèhku.

Kacariyos Jaka Gêniroga sampun kalampahan angirup tiyang, ewon ingkang sami andon nyambut damêl, anggili botên wontên pêdhotipun, wusana malah sami katrêm gêgriya wontên ing ngriku, amargi saking mirah sandhang pangan, yêyasan ingkang binadhe praja: kasarêng, kadhaton sampun paripurna manggèn sapucaking ardi pinapar waradin, katingal ngegla kados kaswargan ing Jonggring salaka kahyanganipun Bathara Guru, mawi undhak-undhakan serongan tundha-tumundha anjog ing guwa, winastan: Guwasiluman. Sang rara karêmênipun nanêpi wontên ing kamar pamujan, tansah atajin dhahar

--- 52 ---

nendra. Balowarti sampun rampung, mawi jagang mubêng kailenan toya sumbêr ingkang sampun kacariyos ing nginggil, bucalanipun katampèn kangge angoncori pasabinan, toya ingkang mêdal saking lambunging ardi ingkang dhawah ing jurang katalangan tosan mili anggubêd lalêngkèhing ardi ngoncori pêpèrèng ingkang tinanêman sayuran. Saubênging balowarti margi agêng lêmpêng pinggiripun katanêman asêm, karêtêg-karêtêgipun tosan, sidhataning margi agêng dhatêng ing kampung-kampung tanpa petangan, têtiyang gêgriya sami ngajêngakên wradinan sarta anggadhahi wêwêngkon patamanan ngajêng, pakêbonan wingking, sarta sayuran kiwa têngên. Griya pamulangan luhur, pamulangan andhap, griya sakit, griya pakunjaran, sampun pêpak mirantos sadaya. Para sudagar liyan bôngsa sampun kathah ingkang sami nglajo dêdagang mriku, tular-tumularing pawartos saking mirahing arta, dhatêngipun arêbat dhucung ambêkta barang pèni-pèni. Rara Apyu sampun lami asantun busana cara kakung, ical sipating wanodya, sampun awarna satriyadi murti, ajêjuluk Bambang Apyu, amriksani yêyasan sampun botên kanyana-nyana yèn malihan putri, kathah abdinipun kinasih uligan saking pacrabakan, Bambang Apyu awara-wara yèn sariranipun putraning nata binathara ing tanah Indhu, ing mangke karsa jumênêng nata, para abdinipun sarta tiyang wêwêngkonipun [wêwêngkonipu...]

--- 53 ---

[...n] botên wontên ingkang maibên, katitik saking wutahing arta busana sarta gunging kasugihanipun malah angungkuli para ratu sanèsipun, sami mangayubagya karsanipun Bambang Apyu wau. Ing satunggaling dintên miyos sinewaka ing bangsal mangunturtangkil, pêpak ingkang para abdi, Radèn Gêniroga ngadêg lajêng byawara: he, para kawula ing Guwasiluman, awit sakarsane gusti kula Bambang Apyu sarta awit saka pangangkatku yèn ing mêngko Bambang Apyu karsa jumênêng nata ana ing nagara Guwasiluman, kayadene jumênênge ingkang rama sang prabu ing Indhu, ajêjuluk Maha Prabu Bramarkata, sapa kang nyêmpaluki (= mawali) têkakna sêdyamu, aku rupane (= kang dadi tandhinge) para abdi saurpêksi gumarumung sami manadukara (= anjurungi).

Prabu Bramarkata lajêng kaaturan lênggah ing dhampar gadhing pinatik ing nawa rêtna, sirna ujwalaning manungsa, satuhu katingal Dewa Hyang Asmara angejawantah. Sang Prabu Bramarkata lajêng andhawuhakên pangandika: he, bocah ingsun ing Guwasiluman, karsaningsun ing mêngko kakang Gêniroga ingsun kulawisudha ingsun junjung saka ngisor ingsun sêngkakake ing ngaluhur, ingsun karsakake dadi pêpatih ingsun, kaaranan Radèn Patih Bratunu, ingsun pasrahi bang-bang pangalum-aluming nagara Guwasiluman. Para wadya sami saurpêksi sadaya angestokakên timbalanipun sang prabu. Tumuntên sang nata ngulawisudha wadya

--- 54 ---

punggawa naracak ênèm-ênèm lare wêdalan ing pamulangan salêbêting karaton, (= pamulangan luhur), kapacak dados bupati nayaka utawi bupati tamping, dalah sor-soranipun sangkêp sampun botên nguciwani. Tumuntên malih sang nata karsa yasa prajurit karaton, pêpilihan lare wêdalan ing pamulangan sajawining karaton, (= pamulangan andhap) pêpilihan anaking priyayi sarta anaking têtiyang tani, botên kenging tiyang sabarangan, têtindhihipun upsir lare wêdalan pamulangan luhur, putraning nayaka ingkang sampun mumpuni kasagêdanipun, kaparingan nama prajurit talangpati, dene ingkang kagalih pêrlu rumiyin bab tata têntrêm, sang nata lajêng karsa yasa anggêr-anggêring nagari kados ing ngandhap punika:

Pèngêt, nawalaningsun Prabu Bramarkata ratu agung binathara nyakrawati ambaudhêndha, sugih rajabrana tanpa petungan, kang akadhaton ing Guwasiluman, awit saka nugrahaning Allah jumênêng ratu kalawan karsaningsun dhewe, amêngku wadyabala agung naracak padha wicaksana bèr budi sarta padha kapayungan ing anggêringsun karaton kang ora tau nalisir saka garising bênêr lan ora nganggo mawang wonge, sanadyan panjênênganingsun dhewe luput, ora bisa oncat saka pêpacaking anggêr, awit wêwênanging anggêr kang mulya ana sadhuwuring ratu kang ayasa anggêr, dhawuha marang sira bocah ingsun wadana jaksa

--- 55 ---

Si Ngabèi Jaksapawaka.

Liring layang ingsun anggêr-anggêr, sira ingsun dhawuhi mancasi sakèhing prakara kadurjanan, panêrak lan parapadu, anganggoa ati kang suci sarta awêwatona sasurasaning anggêr-anggêr mau, lamun kongsi ana kang nalisir, sira aja takon dosa, amêsthi bakal ingsun wêsiasat kang luwih bangêt ana ing ngalun-alun ingsun, o.

Dhawuhing pangandika dalêm ing dintên malêm Kêmis

Sampun kalampahan sang prabu andhawuhakên yasa anggêr-anggêring nagari ingkang kangge wêwaton amancasi saliring prakawis kadurjanan, panêrak sarta utang apipotang ( K. N.).

Jumênêngipun Prabu Bramarkata agêng jajahanipun, amargi dipun kèndêlakên kemawon, dening sêsarêngan kalihan dauruning praja ing Indhu, kathah kraman sarta kathah ingkang ambondhan tanpa ratu, botên asok-sokan paos pamêdaling siti. Sang Prabu Bramarkata tansah angangin-angin manggènipun sang pangeran, awit botên kagungan pangintên pisan-pisan yèn sang pangeran seda sarêng sarta kalabuh sarêng kalihan sariranipun, mila karsanipun sang prabu Kyai Pêdhakbrama katimbalan, badhe kadangu bokmênawi sang pangeran taksih wontên ing ngriku, utawi sumêrêp dunungipun, tumuntên matah abdi kêkalih kautus nimbali Kyai Pêdhakbrama, kadhawuhan wêling pêrlunipun [pêrlu...]

--- 56 ---

[...nipun] katimbalan ingandikakakên, mulang kawruh among tani dhatêng abdinipun kawula dhusun bawah nagari Guwasiluman, awit taksih kathah ingkang balilu. Lampahing utusan agêgancangan, sampun dumugi ing griyanipun Kyai Pêdhakbrama, andhawuhakên timbalanipun sang nata, Kyai Pêdhakbrama salangkungsakalangkung. bingah ing manah dene piniji ing panjênêngan ratu kapundhut damêlipun, enggal dandos kèrid ing caraka, sarêng lampahipun dumugi ing bênawi ngêntosi baita tambangan kèndêl wontên ing gêgisik, katingal wontên baya ngambang lajêng nyarap dhatêng Kyai Pêdhakbrama kagondhol silêm dhatêng ing kêdhung. Utusan kêkalih sarêng anjêpluk lumajêng sipat kuping mantuk mêdal margi sanès, dumugi ing ngarsaning sang prabu angaturakên tiwasipun Kyai Pêdhakbrama inguntal baya, miwiti malah amêkasi. Sang prabu nyathêt salêbêting galih, pangunandikanipun: iki sing diarani ukum Allah, ênggonku, diuntal ing baya saka panggawene Si Pêdhakbrama, saiki Si Pêdhakbrama diuntal ing baya dhewe sarta lulus ing patine.

Sang prabu saya putêk ing galih, angèngêt-èngêt kadadosaning sariranipun sang pangeran, wusana kabaranang dhawah ing bêndu dhatêng Sang Prabu Ôndakara, lajêng adhêdhawuh mêpak gêgamaning prang badhe ngrisak karaton ing Indhu, parawiraning prajurit sarêng tampi dhawuh kados punagi badhe pamangsuling sihipun sang

--- 57 ---

prabu saking pêcahing kulit, wutahing rah sarta pêcating nyawanipun, dados bêbantêning prang suka mantuk aran bilih nagari ing Indhu botên bêdhah. Budhaling bala gumuruh, saking nagari Guwasiluman, sang nata karsa anindhihi baris piyambak dados senapatining prang, radèn apatih ingkang dados pamungkasing lampah, para wira opisiring prajurit sinêlir dados panjalwat kiwa têngên, ing têngah mluwa dados pasênêtan panataning gêlar enggal, lampahing baris ginêlak sampun dumugi laladaning nagari Indhu, wusana mirêng pawartos yèn kadhaton nuju suwêng, namung tinêngga ingkang rayi sang prabu, anama Pangeran Ôndapawaka, sarta wadya sawatawis, Prabu Ôndakara têdhak amêng-amêng dhatêng pasanggrahan têpining narmada ingkang cêlak kalihan sungapaning sagantên. Sarêng Sang Prabu Bramarkata midhangêt aturing juru panuksma yèn kitha ing Indhu pinanggih suwêng sangêt andadosakên cuwaning galih, yèn kalajêngakên ngrabasa kitha suwêng awon loking jana, karsanipun namung badhe wangsul, ananging badhe kèndêl sawatawis angasokakên ingkang para abdi.

Kacariyos Pangeran Ôndapawaka, ingkang kapatah têngga kadhatonipun ingkang raka sang prabu, sawêg kasêkêlan galih mêntas kasedan garwa, namung tilar putra putri satunggal sarta sampun diwasa, sarêng sang pangeran midhangêt aturing bupati nayaka

--- 58 ---

ingkang jagi nagari wontên parangmuka dhatêng, lajêng adhêdhawuh kinèn samêkta amapagakên mêngsah, sang pangeran karsa nyarirani piyambak anindhihi baris dados senapatining prang, enggal samêkta bodhol saking ing kadhaton, gumalêdhêg kados toya mêdal saking rong, cucuking baris dumugi pamedaning mêngsah.

Sang Prabu Bramarkata sawêg eca imbal wacana kalihan Radèn Apatih Bratunu, badhe amondhongi kyai jurutaman sarimbit, kasaru aturing juru panuksma yèn wontên gêgaman mêdal saking kadhaton, andalêdêg kados lampahing sela blêkithi, sang prabu lajêng dhawuh kinèn mapagakên, têmpuhing prang rok silih ungkih aliru papan, dêdêr dinêdêr idêr-idêran, dangu-dangu bala ing Indhu kasêsêr kèlês kapalipis, larut mirut kapalayu, senapatining prang Pangeran Ôndapawaka kenging katawan. Dhawuhipun Sang Prabu Bramarkata botên kalilan anglud bala ingkang sampun kapalajêng sarta botên kalilan angrêbat kitha, panggalihipun nistha ambêdhah nagari ratunipun pinuju suwêng, dipun antosi ngantos sakonduripun badhe dipun wangsuli kabêdhah malih, pangeran tawantawanan. kadhawuhan angrumiyinakên, sang nata bidhal kantun, tumuntên kalampahan, sêkar salwarini dados dhangdhanggula. Dhandhanggula

enjing bidhale gumuruh saking: / nagari Indhu kèhe

--- 59 ---

kang bala / kuswa abra busanane / lir surya wêdalipun / saking jalanidhi sajroning / arsa madhangi jagad / lagi mungup-mungup / anèng pucaking aldaka / bang sumirat kêna sorote hyang rawi / mega lan arga-arga //

Sang prabu anyiyosakên karsa amondhongi ingkang bapa biyung kyai saha nyai jurutaman, radèn apatih kautus mêthuk adhêdhêmitan sarta dipun cariyosana ing lêlampahane sariranipun, radèn apatih lajêng angèstokakên dhawuh. Ing wanci sontên nilipakên abdi tindak ijèn dhatêng ing griyanipun ki jurutaman, ananging pinanggih sêpên, namung nyai jurutaman wontên, nuju sawêg ngantih, dipun wêdali saking wingking, sarêng dipun tolèh sumêrêp yèn anakipun Jaka Gêniroga: dhatêng, nyai jurutaman botên pandung, Jaka Gêniroga lajêng dipun rangkul sarta dipun tangisi. Jaka Gêniroga pitakèn: bapak wontên pundi: bok. Wangsulanipun nyai jurutaman: bapakmu wis mati: ênggèr, malah wis êntèk sidhêkahe, iya sapungkurmu lan sapungkure adhimu kae banjur ngênês dadi lan patine.

Radèn apatih sangêt ing pangungunipun, dene botên mêningi kamulyaning anak ingkang pinanggih, wusana mupus sampun takdiripun, nyai jurutaman lajêng dipun sanjangi lêlampahanipun ingkang rayi miwiti malah amêkasi, ing mangke taksih winados [wi...]

--- 60 ---

[...nados] dèrèng ambabar sarira, jumênêng ratu wontên ing Guwasiluman, nyai jurutaman malongo, eram dene wontên lêlampahan elok makatên. Nyai jurutaman lajêng tumut ing salampahipun radèn apatih, sampun katur kauningan ing sang prabu sarta lajêng ingandikakakên rumiyin. Tumuntên sang prabu bidhal kondur dhatêng nagari Guwasiluman, kêbut sawadyabalakuswa. Sarawuhipun sang prabu ing kadhaton lajêng lukar pangagêman wontên salêbêting kamar padandosan, ingkang êmbok katimbalan malêbêt ing kamar panêpèn, sang prabu lajêng têdhak pangagêman putri, nyai jurutaman sumêrêp lajêng anjêlih sarta ngrangkul pada, sambatipun: gusti anak kula ratu putri, sabab punapa kula paduka tilar, kula botên sagêd kantun, namung paduka ingkang dados têlênging manah kula, gumarit pinggêt botên sagêd pulih ing salami-laminipun, upami tiyang sakit sampun badhe pêjah, rawuh paduka ingkang nyandèkakên, kathah-kathah pasambatipun nyai jurutaman, adamêl ngêrêsing galihipun sang prabu, pangandikanipun sang nata wis biyung aja korasa-rasa mundhak aku milu sêdhih, mung panjalukku marang kowe, kowe dibisa simpên wadi nganti ana karsaning Allah ambadharake aku.

Sang prabu sampun sumêrêp yèn ingkang mancêri sariranipun Sang Pangeran Ôndapawaka, makatên ugi sumêrêp yèn ingkang

--- 61 ---

mancêri ingkang raka radèn apatih: Sang Prabu Ôndakara, dados ing kabatosan sadhèrèk nak-sanak tunggil biyung, inggih sadhèrèk tunggil biyung, kyai jurutaman punika namung ngaku-aku kemawon, dados warananipun tiyang agung kêkalih, awit pancèn botên nganaki. Sang prabu lajêng dandos cara kakung karsa manggihi Sang Pangeran Ôndapawaka, sampun kaaturan malêbêt ing kamar panêpèn, sang pangeran rawuh lajêng kaacaran lênggah wontên lèr majêng mangidul, botên karsa dipun pêksa, sang prabu lênggah wontên kidul majêng mangalèr, sang pangeran taklim lênggahipun, lajêng kaaturan sasêgah ingkang wangi-wangi sarta unjuk-unjukan ingkang miraos, sang pangeran tinamu-tamu.

Têmbungipun sang prabu: rama pangeran ingkang sakeca ing galih, ing ngriki dede panggenaning mêngsah, sayêktosipun panggenanipun putra paduka piyambak, pun biyung punika saksinipun atur kula. Sang prabu sarwi nolih dhatêng ingkang bok.

Sang pangeran botên mangrêtos ingkang kapangandikakakên sang prabu, ananging priksa dhatêng bok jurutaman yèn punika kala rumiyin kalulutipun, sang pangeran anjêngêr botên sagêd mangsuli pangandika, ingkang wontên namung kèndêl sarta tumungkul.

Sang prabu matur malih, sarèhning rama pangeran kirang dhamang dhatêng atur kula, mugi kêparêng ngandika dhatêng pun bok kemawon, paduka [padu...]

--- 62 ---

[...ka] rak sampun têpang: ta. Pangandikanipun sang prabu punika amêmiringi èsmu anjawat.

Sang pangeran kaprojol ngantos gumujêng sarwi ngandika dhatêng bok jurutaman: kowe apa padha slamêt: yu.

Pangèstu dalêm inggih wilujêng.

Si kakang rak wis mati lawas: ya.

Inggih sampun lami, tiyang panjênêngan dalêm pujèkakên pêjah.

Ês, mongsok, apa aku gêthing. (sang prabu tansah gumujêng) Kêpriye aku lan kowe padha dadi wong tawanan.

Panjênêngan dalêm ingkang dados tiyang tawanan, mênawi kula: botên, namung dados rôndha: yêktos. Kula punika badhe matur ing panjênêngan dalêm, awit saking pangojokipun sang prabu, ingandikakakên mêlèhakên karsa dalêm ingkang nyimpang saking lêrês, botên karsa anggalih dhatêng Rara Apyu, têmahan dados lare kapiran.

Sing-sing kowe kuwi sing kocatur, wong lagi mêngkene apa mikir rôndha. (sang prabu saya kêkêl gumujêng).

Kula botên tawi rôndha, namung pratela kemawon.

Dadi wis wêruh lawas kuwi kopratelani.

Inggih yèn karsa mirêngakên, yèn botên karsa inggih sampun, [sampu...]

--- 63 ---

[...n,] botên dipun jiyad.

Ih, kowe kuwi yèn calathu olèhe sumêngit kaya mênyang satrune.

Dhasar satru punika, wah genggong, (sang prabu saya kapingkêl-pingkêl) mupung wontên ngarsanipun sang prabu sarta mupung panjênêngan dalêm kêpèpèt dados tiyang tawanan, kula punika badhe matur pitakèn, panjênêngan dalêm punika kagungan putri ingkang pating bêcècèr, punapa botên.

Iya, kowe kuwi ngudhak-udhak tai ana ing bathok, kuwi cikbèn apa, wong sanagara wis padha sumurup yèn anakmu wadon Rara Apyu kae: jarene anakku.

I, i, athik mawi jarene. Panjênêngan dalêm rumaos ngêkêp kula: punapa botên, (sang prabu saya gumujêng).

Cangkême olèhe rêgêd muni kuwi: nèh, wong ana ngarsane sang prabu.

Kula botên ajrih dipun kêthok, janji lêrês.

Padu wutuh: ane, iki.

Dhasar pabên, awit kula angsal pangojokipun sang nata, andikakakên ngêlèhakên karsa dalêm ingkang nyimpang saking lêrês, botên karsa anggalih lare kapiran.

Olèhku mikir bae kêpriye wong durung wayahe laki lan banjur dikedani marang pangeran dipati, dadi bubrah-bubrahan [bubrah-bubrah...]

--- 64 ---

[...an] kiye.

Saupami sapunika kêpanggih wontên ngarsa dalêm, panjênêngan dalêm karsa ngakên putra: punapa botên.

Gêlêm pisan, wong anake têmênan kuwi apa êmoh.

Sang prabu jumênêng saking palênggahan lajêng mlêbêt ing kamar dandos ngagêm cara putri, mêdal anjujug ing ngarsanipun sang pangeran lajêng ngabêkti, sang pangeran sanalika kagèt ngantos kamitênggêngên, sarêng dipun waspaosakên sayêktos yèn Rara Apyu, sang pangeran botên pandung lajêng kinêmpit-kêmpit lungayanipun, ingaras êmbun-êmbunanipun, pangandikanipun, kowe apa dadi garwane sang prabu, têka rupamu padha kaya jambe nom sinigar paro, Rara Apyu matur sarwi gumujêng, sang prabu punika wau inggih kula. Lajêng matur lêlampahanipun, purwa madya wasana titi. Sang pangeran dhêlêg-dhêlêg mirêngakên aturipun ingkang putra. Wusana sang putri matur: rama, kaprabon ing Guwasiluman, kula saosakên ing panjênêngan paduka, kula nyuwun kaêmong wontên ing ngatsa dalêm, sarta narimah wahdat tanpa krama bilih botên sagêd panggih kalihan putra dalêm pangeran kula, namung bok ayu Puyi kula suwun dadosa jatukramanipun kakang Gêniroga, dene pun bok sumôngga ing karsa dalêm.

Sang pangeran kakênan ing galih dening karoban ing kautamanipun [kauta...]

--- 65 ---

[...manipun] ingkang putra. Dhenok: aku mung nurut apa sing dadi pangrèhmu, jumênêngku ratu mung sadarma, purba wisesa ruwêt rêntênging praja isih ana ing kowe, awit sanadyan kowe bocah sarta anakku, ananging aku kalah guna sêkti môndraguna, dene êmbokmu sarèhning ibumu wis seda: iya dadia sasulihe minôngka pramèswariku, awit dadiku ratu saka kowe, kowe saka bokmu.

Ing wanci enjing sang prabu miyos sinewaka, pêpak andhèr ingkang wadyakuswa, Radèn apatih sampun wontên ngarsa. (sampun jinatenan karsanipun sang nata) Ingkang rama sang pangeran lênggah ing kiwanipun sang nata, dhêdhêp sirêp botên wontên sabawa, sang nata ngandika: hèh, bocah ingsun ing Guwasiluman, sira padha sumurupa yèn ingsun ratu kinawasa bisa mancala putra mancala putri, manjing ajur ajèr, mrojol ing akêrêp, punjul ing apapak sarta bisa ngambah ing gêgana, ingsun arsa lêlana angubêngi jagad, mêtu ing jumantara, sapungkur ingsun, rama Pangeran Ôndapawaka kang ingsun karsakake sumilih karaton ingsun, awit ingsun wus sumurup marang lêlabuhane rama pangeran, ingsun paringi jêjuluk Prabu Ôndapawaka, sira aja padha sumêlang apa barang parentahe rama prabu sira èstokna, padha bae lan parentah ingsun, lan ingsun iya bakal ora negakake, ing samôngsa-môngsa [samôngsa-...]

--- 66 ---

[...môngsa] ingsun rawuh anguningani, mulane aja ana kang cilik atinira, mêngko bêngi wayah titi sonya ingsun mangkat mêtu ing gêgana, sira kabèh padha karia slamêt.

Ingkang para abdi sêrêt asaur pêksi, pangagênging ulubalang munjuk: dhuh gusti ratu binathara, mugi sampun ngantos -lami-lami anggèn paduka lêlana angubêngi jagad, tumuntên kondur, botên saking katênta aliting manah, sayêktosipun saking gênging trêsna kula saabdi paduka sadaya.

Prasêtyanira kabèh, iya ingsun tarima, lan ingsun bakal anuhoni janji kaya kang wis ingsun dhawuhake. Ingkang rama sang prabu lajêng katarik lênggah ing singangsana, angiwakakên sang prabu taruna.

Sang prabu wrêdha andhawuhakên: he, bocah ingsun ing Guwasiluman, garwaningsun ingsun angkat dadi pramèswarining nata, kaarana Ratu Anala. Para wadyabala sami saur pêksi. Lan manèh karsaningsun, pêpatih ingsun Radèn Bratunu ingsun tarimani putriningsun aran Dèwi Puyi, sira kabèh padha samêktaa ing gawe ingsun karsa mêmantu (kacariyos Dèwi Puyi sampun katimbalan nusul ingkang rama) para wadyakuswa sami saur pêksi malih, sang nata kêkalih kondur angadhaton, sarawuhipun ing dhatulaya pinapag ing pramèswari nata wrêdha, sang nata taruna lajêng dhatêng ing kamar sarta lajêng dandos, rucat agêm-agêman [a...]

--- 67 ---

[...gêm-agêman] kakung santun agêm-agêman putri, têtêp nama Dèwi Apyu malih, nunggil lan ingkang bok ayu Dèwi Puyi, dados putrining nata ingkang dhinênadhêna.

Gêntos kacariyos lampahipun Baduwi kêkalih ambêkta sang pangeran, sampun dumugi ing kabandaran, anjujug juragan tukang tumbas tiyang, Baduwi anawèkakên punapa ki juragan ajêng tumbas tiyang, ananging sakalangkung kêra, sang pangeran lajêng dipun têdahakên, ki juragan sumêrêp dhatêng sang pangeran sakalangkung wêlas, sarta angintên yèn dede tiyang sabarangan, katitik saking netya sarta kabagusanipun, ananging sabab punapa têka dados tiyang tumbasan, Baduwi dipun pitakèni tiyangipun tumbasan karêgèn pintên, Baduwi nêdha sadasa wang mas, juragan apianjêngèk, wangsulanipun: digawe apa rêga samono. Baduwi lajêng nyudakakên rêgi sapalih, wis ta, tukunên limang wang mas bae. Juragan taksih apianjêngèk malih. (pangrêmpêlunipun sang pangeran: i, i, i, i, mêngkene karsane Allah, têtela ora kêna ginayuh ing manungsa, sapa nyana yèn rêgane awakku mung sapele bangêt, olèhe mragadi kangjêng rama marang aku sinau kapintêran sajagad, êntèk pirang-pirang atus èwu, siji ora ana sing kanggo, dalah main tangan aku sampurna, têka digitiki ing wong ora wani malês, kapriye pamalêsku yèn bakal [ba...]

--- 68 ---

[...kal] dibut ing wong atusan, ora wurung malah tumêka ing pati. Ana ing dalan mung digawa ing wong loro, gênti arêp dakpulasara, apa aku dhêman bali mênyang ênggoning Baduwi, angeramake têmênan karsaning Allah, kaluputanku mung sapele dening ênggonku angibirake gampanging pangupayaku sandhang pangan saka kèhe kapintêranku, jêbul ora ana kang bisa tumindak. Gusti Allah kula nyuwun tobat kaping sèwu, sagêd kula manggih rahayu botên liya namung saking pitulung tuwan). Kêdadosanipun ing rêmbag sang pangeran namung katumbas kalih wang mas. Ki juragan waspada ing paningal dhatêng sang pangeran, yèn dede tiyang pidak padarakan, amêsthi trahing kusuma, rêmbêsing madu, wijiling amaratapa, têdhaking andanawarih, katitik saking solahbawa, mila botên kaanggêp tiyang tumbasan, têmbungipun alus mawi basa krama, anggèr: kula maibên yèn sarira sampeyan turuning tiyang asor, amêsthi têdhakipun tiyang luhur, ananging sabab punapa dene sampeyan dados tiyang tumbasan.

Wangsulanipun sang pangeran: sadèrèngipun kula sanjang ing pitakèn sampeyan sagêd nitik dhatêng sasipatan kula, ananging sampeyan sangêt botên angajèni dhatêng rêrêgèning awak kula.

Makatên gèr, sampeyan sumêrêpa yèn ajining tiyang tumbasan [tu...]

--- 69 ---

[...mbasan] ingkang limrah namung kangge pondhong pikul, dados botên wontên tiyang sae dados tiyang tumbasan, ingkang mêsthi tiyang awon, wangsul sampeyan tiyang alus têka dados tiyang kasar, amêsthi wontên sababipun, saupami Baduwi wau mangrêtosa yèn tiyang alus kathah rêginipun, sanadyan rêgi satus wang mas, sampeyan inggih siyos kula tumbas, dados ing mangke sampeyan kêdah balaka punapa ingkang dados pitakèn kula wau.

Sang pangeran lajêng nyariyoskên lêlampahanipun wiwit timur ngantos dumugi diwasa miwiti malah amêkasi, ki juragan ngêrês mirêngakên. Pangandikanipun sang pangeran: sarèhning kula tinakdir botên pêjah, sêdya kula namung wahdat tanpa krama, amargi pacangan kula sampun pêjah angrumiyini kula, panêdha kula dhatêng sampeyan kalayan dhanganing manah, kula sampeyan antukakên dhatêng nagari ing Indhu, awak kula sampeyan aturakên ing kangjêng rama, amêsthi sampeyan kaparingan ganjaran agêng.

Wangsulanipun ki juragan: dhuh anggèr wong abagus, sampun mêsthi sampeyan kula dhèrèkakên piyambak, nanging sampeyan êntosi sawatawis wulan êngkas, kula badhe kêklêmpak barang ingkang pèni-pèni rumiyin, badhe kula damêl angsal-angsal konjuk rama jêngandika sang prabu.

--- 70 ---

Sang pangeran inggih nyarantosakên, botên nêsa-nêsa namung sumarah sakajêngipun ki juragan. Sarêng sampun antawis lami ki juragan sampun pikantuk barang adi-adi ingkang pantês dados pisungsung konjuk ing sang prabu, lajêng bidhal abêdhol jangkar, ingkang tinuju dhatêng nagari Indhu, lêpas lampahipun.

Kacariyos Sang Prabu Ôndakara sakalihan pramèswari nata ingkang wontên pasanggrahan cêlak muara, sangêt rêntêng ing galih, ing dalu supêna yèn ingkang putra rawuh numpak baita, dipun awe-awe ingkang putra tansah mitambuhi, sang aprabu ngantos garagapan: wusana wungu. Gêntos ingkang rayi gêrêng-gêrêng enggal dipun wungu sarta kadangu supêna punapa, ingkang rayi muwun sarta matur angaturakên cariyos supêna yèn ingkang putra rawuh numpak baita, dipun awe-awe ingkang putra tansah mitambuhi. Kadospunapa kagèting galihipun sang prabu, dene supênanipun ingkang rayi sami kalihan supênanipun, botên wontên gèsèhipun sakêdhik-kêdhika, nanging sang nata botên karsa walèh bilih kagalih ngewani dhatêng supênanipun ingkang rayi, nanging tansah kacathêt ing dalêm batos botên supe-supe. Sang prabu sarta sang pramèswari kêmanjon botên sagêd sare ngantos anggagat enjing, sang nata karsa amêng-amêng dhatêng satêpining sagantên, ingkang rayi kêlayu andhèrèk, sakalihan tindak turut gêgisik. Srêngenge mancungul saking [sa...]

--- 71 ---

[...king] lowahaning toya sumirat abrit amarna warnining mega kêkêmul ing ardi, katingal maya-maya. Kêthap-kêthap katingal wontên baita dhatêng, mawi panjêran daludag pareanom.

Sang nata kagèt ing galih, ngandika dhatêng ingkang rayi: yayi galo ana kapal têka nganggo têtêngêr umbul-umbul pareanom, apa putrane raja: pêpara.

Tutane gèk dara pangeran rawuh.

Môngsa nungganga prau nganggo têtêngêr bandera pareanom, iku rak banderane pangeran adipati. Lungane anakmu dharat tanpa rewang.

Yèn supênan kula kala wau dalu nètèsi kadospundi.

Saya cêlak lampahing baita dhasar palabuhan ing Indi rapêt kalihan dharatan, sang prabu nyêlak dhatêng ing babagan, sang pangeran nuju jumênêng wontên ing êdhèg, pasuryanipun katingal mancorong, ingkang ibu botên pandung lajêng anjêrit ngundang-undang ingkang putra, sang pangeran inggih anyauri sarwi sasmita usap asta kaklebatakên, baita labuh têtela yèn ingkang putra, mlajêng saking kapal dumugi ing gêgisik ngrungkêbi sampeyanipun ingkang rama sarwi lara karuna kados wanita, ingkang ibu ngrangkul saking pêngkêran sarwi dipun muwuni, otêr tiyang salêbêting kapal, sami sumêrêp yèn ingkang jumênang sang prabu ing

--- 72 ---

Indhu ratu agung binathara, sami mudhun sêsarêngan tarab wontên ngarsanipun sang nata, ki juragan wontên ngajêng piyambak, sang prabu lajêng kondur masanggrahan, ki juragan sapranakanipun sami ingandikakakên dhèrèk, wontên ing margi kapêthuk para putra-putri sarta para abdi kêkasih ingkang sami nusul tindakipun sang nata, sarêng sumêrêp sang pangeran andhèrèk, sami ambêngok nangis, kadospunapa kemawon ramening margi, sang prabu ngantos botên sagêd nyapih gumêdêring tiyang, rawuh ing pasanggrahan sang nata lênggah, sang pangeran ngadhêp ing ngarsanipun tansah rinubung ing kathah, ingkang ibu botên pêdhot pandangunipun punapa-punapa, ingkang para abdi andongong sami mirêngakên cariyosipun sang pangeran, yèn nuju manggih bingah sami gumujêng yèn manggih susah sami nangis pating slênggruk, sarêng cariyos nalika dipun jiyad dhahar ulêd-ulêdan sêkul kalihan pisang dipun duduhi puhan mêntah sami gumujêng kalihan nangis, ingkang rama ibu tansah pirêna ing galih, lajêng adhêdhawuh tumuntên badhe kondur, sami kadhawuhan tata-tata, ki juragan ingandikakakên dhèrèk. Ing wanci enjing sang nata bidhal, nyare ing margi kalih dalu, wontên pasanggrahan alit onjotaning margi dhatêng pasanggrahan agêng. Kyai Patih Giripawaka sampun midhangêt pawartos ing konduripun sang prabu sarta sampun sami mêthuk dumugi ing watêsipun nagari, wontên ing margi [mar...]

--- 73 ---

[...gi] sang nata pinêthuk ing kyai patih, sang prabu andangu raharjaning praja, rawuh ing nagari lajêng pinarak sinewaka ing bangsal pangrawit, sang pramèswari lajêng malêbêt ing kadhaton, kalihan ingkang putra sang pangeran, ginarêbêg para putri êmban inya cèthi parêkan, badhaya srimpi sampun andhèr wontên ing pandhapa agêng, ngêntosi jêngkaripun sang nata saking panangkilan.

Ki juragan kakarsakakên wontên ing ngarsa nata, lênggah kiwanipun kyai patih ragi kapering, tumuntên ki juragan angaturakên pisungsung rajabrana ingkang pèni-pèni, guru bakal guru dadi, konjuk ing sang prabu mêdal kyai patih, sampun kauningan sadaya andadosakên parênging galih, rajabrana ingandikakakên maringakên dhatêng ingkang rayi sang pramèswari. Botên sarèh karsanipun sang prabu, sami sanalika punika kadhawuhakên dhatêng kyai patih.

Giripawaka, sih ingsun marang si juragan, ora awit katarik saka ênggon ingsun bungah nampani kèhing pisungsunge kang arupa êmas picis rajabrana, iku mungguhing ingsun sapele, satêmêne bungah ênggoningsun nampani pisungsunge mêmaniking atiningsun kang mung rêga rong uwang mas, iku upama ingsun walês rajabrananingsun sakadhaton ingsun kuras, ingsun paringake kabèh, iku durung nyukupi saka ajining mêmanik mau, mulane [mula...]

--- 74 ---

[...ne] pamalês ingsun mung sapele, si juragan ingsun jak milu mangan kanikmatan wêtuning bumi ing Indhu, têtêpa dadi darah ingsun (ki juragan botên nyandhak dhatêng pasêmonipun sang prabu) karsaningsun ing saiki mitraningsun si juragan, ingsun kulawisudha ingsun junjung saka ngisor ingsun sêngkakake ing ngaluhur, ingsun dadèkake bocah ingsun wadana pabeyan, ingsun paringi jênêng kaarana: Ki Tumênggung Mrêtyubeya (Ki juragan nalika mirêng pangandikanipun sang nata mêmêla anoraga ngantos mangkarag githokipun, mripat anjêrbabak wusana rêntah luhipun lajêng nangis kados pawèstri). Kyai patih lajêng andhawuhakên pangandikanipun sang nata dhatêng ki juragan kados ingkang sampun kadhawuhake anama Ki Tumênggung Mrêtyubeya. Sang nata lajêng jêngkar ngadhaton, lênggah ing pandhapa agêng karsa kalangênan badhaya srimpi, amêngakakên lawang suka, nginêbakên kori sungkawa.

Kyai patih dèrèng saos atur bab kawontênanipun karaman sarta ingkang rayi Sang Pangeran Ôndapawaka botên katingal botên kadangu, punika ragi kalêrêsan.

Enjingipun kyai patih sowan ing kadhaton botên kalayan dipun timbali, sang prabu sampun nyandhak yèn kyai patih badhe gadhah atur wados, kyai patih ingandikan dhatêng panêpèn, kyai patih lajêng munjuk: yèn sapêngkêripun sang nata wontên [wo...]

--- 75 ---

[...ntên] parangmuka dhatêng, kraman saking ing Guwasiluman, ratunipun kados ratu tiban, sugih rajabrana angungkuli kasugihanipun para ratu ing ngalam dunya, unjukipun ki patih: ingkang dados eraming manahipun tiyang kathah kasugihanipun samantên kathahipun, botên wontên tiyang ingkang sumêrêp pinangkaning yatra, sanadyan namung tansah mêdal kangge yêyasan adêging karaton, adamêl kadhaton sarta bètèng punapadene kadamêl mragadi pangipuking tiyang sami tumut gêgriya ing ngriku, suprandosipun wêdaling arta botên mawi kandhêg, punika ingkang ngeramakên sayêktos, loking kathah sagêd anggêndam yatra, badhe kawula papas kala sawêg bribik-bribik kasarêngan para putra dalêm kathah ingkang sami mirong, dados kawula namung kèndêl, tumuntên ratu kraman wau angawaki dados senapatining prang anindhihi baris piyambak lumurug mriki, kawula lajêng tata-tata samêktaning bala ingkang rumêksa nagari badhe mapagakên dhatêng mêngsah, rayi paduka Sang Pangeran Ôndapawaka kawula aturi dados cucuking lampah anindhihi baris sagolongan nacak lumawaning prang sarta pamasanging gêlar, ananging damêl kodhênging manah kawula prang namung sakêdhap rayi tuwan sampun kajodhi, sarta lajêng katawan, saya kodhêng malih manah kawula, pêpucuk prang sampun mênang têka botên lajêng angrêbat kadhaton, punika malah nulak wangsul, namung narimah ambandhang tiyang satunggal rayi tuwan, [tu...]

--- 76 ---

[...wan,] dene ingkang nama kodhêng sayêktos: rayi paduka sapunika jumênêng ratu wontên ing ngriku, ratu kraman kawula botên midhangêt, pandugi kawula ngêmu wados, awit putranipun putri rayi tuwan Dèwi Puyi sampun kaboyongan dhatêng Guwasiluman dalah ingkang para abdi jalêr èstri sadaya. Ratu kraman punika kawarti warninipun bagus sangêt angungkuli putra paduka kangjêng pangeran, ing ngrika mênang alus pindha solahing wanita, warninipun jiblès.

Sang prabu nglênggêr midhangêtakên aturipun kyai patih, ing dalêm batos sêrik dhatêng ingkang rayi kagalih malik tingal, sarta sampun nyata jumênêng ratu angêmuli ratu kraman kapêndhêt mantu angsal Dèwi Puyi, lajêng adhêdhawuh ingandikakakên damêl sêrat dhatêng ingkang rayi mundhut Dèwi Puyi kalayan rodapaksa, punika minôngka tôndha yêkti ing balela tuwin botênipun sang pangeran, yèn namung katimbalan kondur gampil santolanipun. Sêrat sampun dados, lajêng macak caraka anggandhèk sagolongan, sampun lêpas lampahipun.

Gêntos kacariyos ing nagari Guwasiluman, Dèwi Puyi sampun kalampahan kadhaupakên kalihan Radèn Apatih Bratunu, agêng bawahanipun, kathah sêsuruhanipun para ratu alit-alit bawahing Indhu ingkang sami rawuh anjênêngi pikramèn, rukun anggènipun palakrama, sang prabu sarta pramèswari

--- 77 ---

nata kêrêp rawuh ing kapatihan: atêtuwi.

Sang Prabu Ôndapawaka pinarak ing kadhaton, kaadhêp ingkang rayi Sang Pramèswari Anala sarta ingkang putra Dèwi Apyu, sang nata pikantuk pawartos bêbaratan yèn ingkang raka Sang Prabu Ôndakara sarta ingkang garwa sampun kondur, ambêkta sang pangeran adipati anom, sampun pinanggih kondur saking lêlana nitih baita, sang prabu sakalangkung amarwata suta, lajêng dipun pangandikakakên dhatêng ingkang putra: dhenok, aku krungu pawarta kang dadi pangajapanmu ing tawang pangeran adipati anom, saiki wis kondur saka lêlana nitih giyota, karêpku: aku nuli arêp lêlayu sowan ing kakang prabu, ngaturake ing kasugêngane sarta bangêt kangênku marang pangeran dipati. Kadospunapa kemawon cumêplonging raose galihipun Sang Dèwi Apyu, sampuna kêpalang ing tatakrama kêdah badhe andhèrèk ing tindakipun kalayu ingkang rama. Dèrèng dumugi pangandikanipun sang prabu kasaru wontên ingkang atur uninga yèn wontên caraka mundhi nawala saking nagari ing Indhu, sang prabu enggal miyos sinewaka, radèn apatih sampun wontên ing ngarsa, sasampunipun caraka sinambrama ing pambage: lajêng matur gatining lampah dinuta ingkang raka matêdhakakên nawala patra. Sêrat katampèn sarta ingêmbun, bêbukaning tulis:

--- 78 ---

Pèngêt, nawalaningsun, Prabu Ôndakara, ratu agung binathara nyakrawati ambaudhêndha, awit saka pêparinging Allah ingsun kalilan madêg ratu angayomi katêntrêmane wong ing Indhu, abala tanpa wilangan, jinajaran gajah paprangan satus, abalowarti santosa, ajagang larèn jêro kêbak banyu mili, misuwur ing kaprawiraningsun, gêbyaring payung ingsun agawe kêmul kucême para ratu isining jagad, dhawuha marang sira yayi prabu jarene Ôndapawaka, ratune wong ing desa Guwasiluman, kang nyêmpaluki panjênêngan ingsun.

Liring nawalaningsun, sira ora ingsun timbali wong wis madêg ratu lali marang kadang tuwa, mung anakira si Puyi ingsun pundhut, bakal ingsun dhaupake karo anakira kaki adipati, yèn Si Puyi wis palakrama sira pêgatna, yèn sira kukuh ingandêlana bètèng andhuwurna kapurancang, anjêrokna jagang, ingsun bakal rawuh ambubrah santosane kuthanira.

Kakangira: Ôndakara.

Salêbêtipun sang prabu maos nawala paringipun ingkang raka botên pisan katingal duka, dipun undhat-undhat kaundhamana, namung tansah mèsêm, sarêng dumugi kinèn mêgatakên,

--- 79 ---

sang prabu gumujêng kawiyos pangandikanipun: kakang prabu athik kaya ratu buta ing Tirtakadhasan, panglamare mênyang Mandraka, anake kang aran Kartawiyoga: narima lorodan. Caraka ingandikakakên ngaso dhatêng pamondhokan sinuba-suba, kadhawahan angêntosi sawatawis dintên badhe karêmbag rumiyin, sang prabu badhe ngaturi wangsulan. Sang nata jêngkar angadhaton lajêng lênggah dhahar, sarampunging dhahar sêrat kaparingakên dhatêng ingkang rayi sarta lajêng kaparingakên dhatêng ingkang putra, sami suka gumujêng dening sêling sêrêpipun ing panggalih. Dèwi Apyu munjuk ingkang rama: kados punika ingkang nama lêlampahan anèh, supados kasêmbadaning karsanipun wa prabu, kula panjênêngan dalêm awadakên bokayu Puyi, kadugi nglampahi nyèthi dhatêng sang pangeran. Yèn kalilan kudhung salêbêtipun sapêkên wiwit winimbasara, amargi sakalangkung merang angsal sadhèrèk nak-sanak, wah sampun laki, kalihdene malih nyuwun agênging bawahan. Sang prabu sampun nyandhak ingkang dados karsanipun ingkang putra, sêrat sampun dados lajêng kaparingakên caraka, mawi angaturi bulubêkti guru bakal guru dadi akathah ajinipun, caraka sampun kalilan. Botên kacariyos lampahing margi sampun dumugi nagari Indhu, lajêng sowan ing ngabyantara nata, kairid kyai patih, sêrat sampun konjuk, andangu caraka:

--- 80 ---

Kêpriye anane yayi Ôndapawaka ing kana.

Kawula nuwun, rayi dalêm sugêng.

Têka kowe anggawa pisungsung akèh têmên.

Kawula nuwun, punika bulubêktinipun rayi dalêm ing taun punika.

Apa saka panjalukmu.

Nuwun botên pisan-pisan.

Nalika yayi Ôndapawaka ngunèkake layang apa ora nêpsu.

Nuwun botên, malah tansah mèsêm wusana gumujêng kawêdal pangandikanipun makatên: kakang prabu athik kaya ratu buta ing Tirtakadhasan, panglamare marang Mandraka anake kang aran Kartawiyoga narima lorodan. (sang prabu gumujêng).

Apa têgêse iku.

Kawula nuwun, nyuwun duka dalêm, kawula botên mangrêtos.

Sêrat kabikak lajêng kawaos ing sang prabu piyambak, suraosipun:

O, kawula nuwun, atur sêmbah kawula Pangeran Ôndapawaka ingkang sawêg asêsilih nama ratu saking karsaning Allah ing padhukuhan Guwasiluman, konjuk ing pênjênêngan dalêm ratu gusti saha sadhèrèk kawula sêpuh lintunipun kangjêng rama ingkang sampun [sampu...]

--- 81 ---

[...n] swarga, ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Ôndakara, ratu agung binathara nyakrawati ambaudhêndha, ingkang sinuyudan bala mayuta-yuta kineringan ing parangmuka.

Kawula nuwun, gusti kakang prabu, kawula sampun nampèni paring dalêm sêrat, suraosipun ingkang anggumujêngakên dening sêling sêrêpipun panggalih dalêm, kawula botên supêna badhe balela, rumiyin dumugi sapunika cipta kawula botên sanès namung angluhurakên asma dalêm ing salami-laminipun, dene kawula botên katimbalan, inggih mêksa sowan, kacuthata kados angganing wêrcita lumuh panjênêngan dalêm dhumatêng kawula badhe tanpa damêl, gêmpal dening imul kawula, karosan dalêm badhe kêndho dening pasambat, duka dalêm badhe lilih dening tanpa lawan, gêrahipun galih dalêm badhe waluya dening pangabêkti, sampuna wotên parêngipun karsa dalêm mundhut pun Puyi, kawula mêsthi lajêng sowan sarêng kalihan utusan dalêm, sarèhning makatên kawula lajêng kèndêl, mênggah dhawuh dalêm mundhut pun Puyi kawula sumanggakakên ing tangan kêkalih sarta lajêng kawula pêgatakên sami sanalika kalihan lakinipun, angestokakên dhawuhing timbalan dalêm, nanging pun Puyi ambêbana ing panjênêngan dalêm, nyuwun kabawahan ingkang langkung agêng, saha nyuwun mugi kalilan mangangge cara Turki kudhung ing dalêm sapêkên wiwit winimbasara, mila [mi...]

--- 82 ---

[...la] makatên saking lingsêmipun dhatêng sang pangeran, dene badhe panggih kalihan sadhèrèk nak-sanak piyambak sarta sampun kalajêng, mênggah anggèn kawula badhe nyowanakên pun Puyi benjing wontên wêkasanipun taun punika, dados wontên ing wulan Bêsar, namung kirang tigang wulan. Saha asarêng punika kawula ngaturakên bulubêktinipun kagungan dalêm padhukuhan ing Guwasiluman, namung sapala minôngka tôndha sungkêmipun têtiyang ing Guwasiluman, punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.

Konjuk ing dintên…

Pun: Ôndapawaka.

Satamating pamaosipun sang prabu galihipun luluh kados malam katrapan latu, panjênênganipun rumaos kêlanasên, kirang titi pariksa, namung ingkang andadosakên pakèwêding panggalih bab pamundhutipun Dèwi Puyi, awit sayêktosipun namung kadamêl jalaraning pasulayan kemawon, botên sayêktosan, môngka Dèwi Puyi sampun kalampahan kapêgatakên, saking ajrihipun kêdah angestokakên dhawuh. Ingkang putra sang pangeran dèrèng kagêpok pisan-pisan, awit taksih kanji kados lêlampahan ingkang sampun, lan malih môngsa kalampahana sang pangeran dhaup kalihan walanjar, [wala...]

--- 83 ---

[...njar,] badhe nyandèkakên karsa dhatêng ingkang rayi sèwu merang, dene panjênêngan nata botên kenging dipun candhi pangandikanipun, kênthêling panggalih kapasrahakên dhatêng ingkang garwa sang pramèswari, bokmênawi sagêd maripih dhatêng ingkang putra, krama angsal sadhèrèk nak-sanak, dening Rara Apyu sampun pêjah, punapa ingkang badhe dipun antosi malih, sang prabu jêngkar angadhaton, ingkang rayi mêthuk lajêng dipun karsakakên andhèrèk dhatêng panêpèn, sang nata maringakên sêrat saking ingkang rayi ing Guwasiluman, satamating pamaos: sang prabu angandika kados rantamaning panggalih kala sinewaka. Sang pramèswari anglênggêr dangu botên sagêd matur dening dèrèng angsal wêwênganing pamanggih, ngandika dhatêng ingkang putra bab palakrama taksih anji-anjinên ajrih mênawi kaputungan kados ingkang sampun, ewadene badhe dipun lampahi paring pirêmbag dhatêng ingkang putra saking sambang liring sêmbrana parikêna.

Ing wanci sontên tanggal kaping kawan wêlas padhang kados raina, sang pramèswari têdhak dhatêng kadipatèn, ingkang putra pinanggih sawêg lênggah wontên ing galdri, pirsa ingkang ibu rawuh enggal jumênêng angurmati, lajêng lênggah sakalihan, ingkang putra dipun pijêti jangganipun kalihan lênggah dening kraos puyêng. Ingkang ibu ngandika:

Dara pangeran, putrane pamanamu dhimas Pangeran Ôndapawaka [Ô...]

--- 84 ---

[...ndapawaka] kowe apa wis sumurup.

Sampun kala lare.

Jare ayu.

Ayu mênapa, pawakanipun gêmbro, botên singsêt mênjalin kados pun jênat.

Wis mêsthi, nèk kae mono luput cinatur, upama dianggo tambêl butuh kowe apa arêp.

Tiyang kula botên butuh: bu, têka mawi pados tambêl, mangke mindhak kêlêbêt ing bêbasan: lêgan golèk momongan, wah gêmbro, (ingkang ibu gumujêng).

Apa bêcik lêgan bae salawase.

Inggih botên, miling-miling pados ingkang botên gêmbro.

Mulane, sajrone miling-miling karo nyandhing.

Nyandhinga punika ingkang botên gêmbro. He, minyik.

Kula.

Kowe gêlêm tak sandhing.

Purun.

Lho, punika pun minyik kemawon purun, tur ninthing.

Wong dijak caturan têmênan, dara pangeran kuwi gêguyon.

Gêguyon kadospundi: ta, bu, kula rak matur sayêktos.

--- 85 ---

Sang pramèswri anggalih yèn ingkang putra sampun supê dhatêng Rara Apyu, awit sampun karsa gêgujêngan kalihan tiyang èstri sanès, sarta dipun jajagi punapa salaminipun badhe botên karsa misik wanodya. Amangsuli atur: botên. Dados sampun botên sumêlang anglairakên wados kasusahaning galihipun sang prabu, ingkang ibu ngandika: dara pangeran, satêmêne aku iki diutus sang nata, aparing sumurup marang kowe, yèn pamanamu Pangeran Ôndapawaka ginalih mirong kampuh jingga jumênêng ratu ana ing dhukuh Guwasiluman, sang prabu utusan gawe pêpucuking pêrang, adhimu Si Puyi dipundhut, yèn wis laki didhawuhi mêgatake, môngka sang prabu wis pirsa yèn Si Puyi wis dilakèkake, iku kalakon dipêgatake sarta pamanamu ora sida balela banjur ngaturi pisungsung tôndha panungkule lan saguh ngaturake adhimu Si Puyi besuk pungkasane taun iki ana sajroning sasi Bêsar, saiki lagi tata-tata dadi mung kurang têlung sasi kêlakon, môngka satêmêne karsane sang prabu mung ginawe dadakaning padu sarta ora pisan ing dalêm batin karsa misesa anjiyad krama marang kowe, wis kapok kaya sing uwis, saiki mung sumarah apa kang dadi karêpmu. Lah saiki kêpriye ribêde galihe sang prabu, ana ucap-ucapane: sabdaning pandhita pangandikaning ratu iku ora bisa wurung, upama nyêlêd pangandika marang

--- 86 ---

kang rayi: sèwu merang, nyidakake dudu karsane, môngsa kalakona kowe dikramakake olèh wanita somahan.

Sang pangeran botên kagèt ing galih ayêm kemawon, wangsulanipun, punika prakawis gampil: ibu, inggih dipun siyosakên punapa ingkang sampun kadhawuhakên dhatêng kangjêng paman, dados botên angsal pocapan awon, nama ratu cidra, mênggahing kula nama ambucal sêbêl, dene sampun apalakrama sapasar bibar, awit sêdya kula botên badhe palakrama lamban ing salami-laminipun, sang pramèswari lêga galihipun, dene ingkang putra mantun pugal, bangun turut kados kala timuripun. Sang pramèswari lajêng kondur angadhaton sarta lajêng munjuk ingkang raka: sarèhe ingutus.

Ing wanci enjing sang prabu miyos sinewaka, pêpak ingkang wadyakuswa, kyai patih wontên ngarsa, sang prabu andhawuhakên pangandika:

He, kakang patih, karsaningsun anuhoni janji kang wus ingsun dhawuhake marang yayi Pangeran Ôndapawaka, anake wulanjar ingsun pundhut mantu olèh kaki adipati, sarta ingsun karsa anêtêpi kautamaning ratu, panuwune yayi pangeran, nyuwun winiwaha ing pasamuan gêdhe, ingsun iya

--- 87 ---

amituruti, mulane sira kabèh ing mêngko padha wiwita nyambut gawe sapalakartine ingsun mêmantu, mawa makajangan lawase patang puluh dina, angulêm-ulêmana para ratu ing amônca praja, amanguna rêrêngganing karatoningsun, lan omahe yayi pangeran, aja ana kang kuciwa, lan manèh putraningsun Pangeran Prabanggêni sasadulure kang padha beka padha timbalana, warahên yèn adhine: ki adipati wis mulih sarta bakal ingsun palakramakake, lan andhawuhna pangapuraningsun. Unjukipun ki patih: sandika. Sang nata jêngkar angadhaton.

Kacariyos ubêg sapraja ing Indhu sami nyambut damêl ing karaton sarta ing alun-alun, punapadene ing kapangeranan, botên antawis lami sampun paripurna, kyai patih sampun utusan bupati kêkalih animbali Pangeran Prabanggêni sarta ingkang para sadhèrèk tuwin andhawuhakên pangapura, akathah-kathah aturipun utusan, sang pangeran inggih lajêng karsa kondur kairid ing utusan, lajêng sumewa ingkang rama, para putra sami kaganjar sarta sami katêtêpakên padalêmanipun piyambak-piyambak.

Kacariyos Sang Prabu Ôndapawaka sapêngkêring utusan lajêng tata-tata, sarêng sampun andungkap sêmadosipun sowan ingkang raka lajêng bidhal sagarwa putra, gumalêdhêg lampahing [lampah...]

--- 88 ---

[...ing] bala rêmbên dening ambêkta barang kathah. Sang Rêtna Apyu sampun kala wiwit rucating kaprabonipun lajêng ngagêm mêkêna, awis ingkang sumêrêp warnanipun, ayunipun saya botên kêjambar. Tindakipun sang prabu sampun dumugi sajawining nagari, ingkang raka sang prabu karsa mêthuk piyambak wontên ing pasanggrahan Têgalmuncar, sarêng sang prabu anèm pirsa yèn ingkang raka mêthuk, mudhun saking titihan, enggal malajêngi ingkang raka nungkêmi pada sarwi lara karuna, sang prabu wrêdha trênyuh ing galih ketang trêsnanipun dhatêng ingkang rayi, pangandikanipun: wis aja sira rasakake mundhak anênangi ngêrêse galih ingsun, sira milua ingsun marang pasewakan, rabi lan anakira ambacuta marang omahira lawas bae, ing kana wis ingsun dhawuhake andandani, yèn anjujuga ing kadhaton: wong jênênge besanan: wadhèh. Aturipun ingkang rayi: sandika.

Sarawuhipun ing panangkilan, sang prabu andhawuhakên pangandika: he, kawulaningsun kabèh, ing saiki yayi Pangeran Ôndapawaka ingsun têtêpake lêstari dadi ratu ana ing Guwasiluman, ajêjuluk Sang Prabu Ôndapawaka. Para wadyabala sami saurpêksi manadukara. Ingkang rayi lajêng katarik ingkang raka lênggah ing palowanu, ngiringanipun ingkang raka. Sang prabu wrêdha jêngkar angadhaton, sang prabu anèm kondur ing dalêmipun lami.

--- 89 ---

Para ratu sêsuruhan sarta ingkang garwa putra sampun sami wiwit dhatêng saha sampun kasaosan pondhokan sowang-sowang.

Pangantèn sampun wiwit kasêngkêr winimbasara linuhur ing kumkuma,kunkuman. oyod-oyodan ingkang wangi-wangi sarta pathining êmpon-êmpon, binonyo ing gônda wida jêbat kasturi, sang pangeran pinangantèn, sakalangkung suka ing galih tinon ing akathah, namung badhe mitongtonakên kabagusanipun dening kathahipun para tamu putri ing amônca praja. Nanging pangantèn putri sasat botên angadiwarna, dening tansah tinutup ing mêkêna wadananipun, dipun aturi akathah-kathah namung kangge isarat pamêthêting imba, tuwin pangêriking wulu kalong, wangsulanipun, wis ora susah aku wis tau pêthêt alis lan kêrik wulu kalong iya arêp dhaup karo wong kuwe, dhèwèke malah sing durung pêpaès, saiki kêbênêran, cikbèn apêpaès dhewe. Para nini botên wontên ingkang mangrêtos pangandikanipun sang putri, malah angintên yèn sang putri gêrah kênganglangan, mila lajêng sami kèndêl, wusana namung kaaturan angadi busana kemawon sarta sarira binonyo ing gônda wida.

Dintên têmpuking damêl ing wanci siyang para ratu agung-agung, para pangeran sarta para adipati ing liyan praja tuwin para satriya [sa...]

--- 90 ---

[...triya] ing Indhu punapadene para pangagênging têtindhihing prajurit, pêpak lênggah samadyaning pandhapa, kyai pangulu sakancanipun kêtib, ngulama, khaji sami majêng sarêng lan lêbêtipun kyai patih sakancanipun wadana kaliwon panèwu mantri sami sumewa ing ngarsa dalêm. Sang prabu andhawuhakên dhatêng ingkang putra Sang Pangeran Prabanggêni, ingandikakakên ngajêngakên pangantèn, sang pangeran animbalakên dhawuh dalêm mêthuk pangantèn dhatêng pasêngkêran, botên dangu pangantèn majêng dipun kanthi pangeran kêkalih, jinajaran pangeran kalih sisih sarta ginarêbêg para pangeran kathah, tindakipun sang pangeran pangantèn langak-langak kados lanyapan wontên kêlir, sarira kados prada binabar dhasar panggalih botên kêndhak, adamêl kasmaranipun ingkang sami ningali, rawuh samadyaning pandhapa, wali Sang Prabu Ôndapawaka sampun kadhawuhan majêng lajêng ijab, nanging têmbungipun Sang Prabu Ôndapawaka putranipun nama Rara Apyu, pikantuk sang pangeran adipati, namung Sang Prabu Ôndakara lan sang pangeran adipati ingkang kagèt ing galih kagalih kêlintu ing pangandika, nanging saupami kaelikna kalintunipun adamêl kalingsêmanipun Sang Prabu Ôndapawaka wontên ing pasamuwan, mila pangandikanipun: Apyu, namung dipun ênut kemawon. Pragading paningkah sang pangeran lajêng ngabêkti ingkang rama piyambak tuwin ingkang marasêpuh, punapadene para ratu tuwin pinisêpuh, lajêng [la...]

--- 91 ---

[...jêng] mundur dhatêng pasêngkêran dandos badhe panggih.

Ing wanci sontên para tamu sampun pêpak andhèr gumuruh swaraning tiyang, barung lang swaraning gôngsa tuwin panjidhur pakurmatan rawuhing tamu, gôngsa angrangin botên kèndêl agêgêntosan mungêl, wanci silêming surya pangantèn kapêthuk saking pasêngkêran sampun angadi busana, dumugi ing pandhapa agêng lajêng dipun kanthi ing panjênêngan ratu kêkalih, lajêng badhe kapanggihakên, dumugi sangajênging kori prabayasa: kèndêl, pangantèn putri jumênêng kakanthi ing pramèswari nata tamu kêkalih majêng dhatêng ing kori taksih ngagêm mêkêna, pangantèn kakung gumujêng sarwi ngandika: takdirullah athik aku rabi sapisan olèh wêdhon. Kados sinêntak gujêngipun para tamu kakung putri. Sasampunipun panggih lajêng kalênggahakên ing kobong sarta lajêng ngabêkti dhatêng ingkang rama ibu, sarta para pinisêpuh, tamu kakung lajêng sami wangsul lênggah dhatêng pandhapa andumugèkakên ôndrawina, pangantèn kakung dening botên kêndhak ing panggalih, awit sêdyanipun angluwari pangandikanipun ingkang rama ingkang sampun kawêdal, sampun ngantos winastan ratu cidra. Anêmah sariranipun kadamêl wadal gêgujêngan, sang pangeran ngandika malih: la iya iki mêngko kêpriye, saiki isih akèh wong, ibu-ibu isih padha lênggah ênjênêngi, mêngko yèn wis marang tilam playuku mênyang ngêndi, dene pinêksa turu

--- 92 ---

karo wêdhon, môngka wêruh wêdhon sadhela bae: wêdi, iki wêdhon ênggêng-ênggêngan. Para putri saya ambanon rêbah gujêngipun, pangantèn putri tansah nyakot ilat.

Sarêng bujana lumados: lajêng dhahar, pangantèn putri mêksa botên karsa bikak mêkêna, dados botên dhahar, ingkang dhahar namung pangantèn kakung, sang pangantèn tansah adamêl gujênging para tamu, pangandikanipun: garwaku môngsa karsaa dhahar, mêngko mundhak tawar kêcohe, (gêr sami gumujêng) sangêt cucudipun sang pangeran, adamêl sêngsêmipun ingkang para tamu, sarêng sampun wancinipun ngaso: Dèwi Apyu angrumiyini dhatêng kamar, sang pangeran dipun atag nusul. Wangsulanipun: ajrih. Saya ambanon rêbah gujêngipun para tamu. Tumuntên ingkang ibu piyambak ngandika: dara pangeran, nusula bojomu marang ing kamar: ta, gèr, ing bêngi iki rêksanên pamanamu sang prabu, iba lingsême yèn kotampik padha sanalika, dene bubaring pasamuan sakarêpmu, paribasane ana, wong lanang rabia ping pitu sadina sapa sing malangi. Namung Sang Pramèswari Anala ingkang ayêm kemawon, malah kawêdal pangandikanipun: sesuk aku gênti anggêguyu. Nanging kathah ingkang maibên.

Sang pangeran sampun malêbêt ing kamar lajêng lênggah angungkurakên [angungkurakê...]

--- 93 ---

[...n] ingkang rayi, astanipun siduwa anglayangakên sarira, dipun uthik-uthik kalihan ingkang rayi lajêng kaangkat mantun siduwa, sarwi ngandika sêgu: ês. Sang putri lajêng gadhah akal, yèn lajênga ngatingal kuwadhèhên, matur ulonipun kaagêngakên, têmbungipun: saupami kula botêna kaungkurakên, sagêd matur lêlampahipun yayi Apyu. Jênggirat sang pangeran nolèh lajêng ngandika:

Apa kowe tau wêruh marang Rara Apyu.

Sumêrêp punapa malih, tiyang punika sadhèrèk kula èstri, kala taksih tumut bokipun biyung jurutaman, kêrêp sowan dhatêng rama dalêm kangjêng rama, (sang pangeran lajêng kèngêtan yèn ingkang mancêri Rara Apyu: ingkang paman Sang Prabu Ôndapawaka) iya bênêr kandhamu, nanging rak lêlakon dhèk durung lunga.

Sanadyan kala kesahipun kula inggih dipun pamiti.

Ora maido: aku, uga kêna lungane mampir kêtêmu kowe sadhela, nanging kowe môngsa wêruha dhèk ana ing Gumantar.

Sêrêp malih, bokanggènipun pêjah lajêng gêsang malih kula inggih sumêrêp.

He: (kalihan ningali darijinipun sang rêtna pindha roning tilasa, kênakanipun amawa cahya gumilar abrit kados tètèsing ludira, jiblès kados kênakanipun ingkang rayi Rara

--- 94 ---

Apyu, lajêng dipun uwik-uwik ing asta, gêntos malangkring astanipun sang rêtna dipun dudut lajêng anggêgêm kothong, kênaka botên katingal) apa saiki adhimu Rara Apyu urip manèh.

Inggih, gêsang malih.

Ana ngêndi.

E, la, botên purun, kula nêdahakên, tiyang kula dipun kêthik.

Tak opahi.

Botên, kangjêng rama sampun sugih yatra piyambak mênika. Kalihdene malih tiyang kula benjing-enjing badhe mantuk.

Lho, aja mulih: ta, ora kêna.

Tiyang panjênêngan dalêm ajrih wêdhon.

Êm, wong gêguyon kojêrokake.

Mangke kula idoni.

Iya, idonana anggère kotuduhake ênggone adhimu.

Têka panjênêngan dalêm kêdêrêng badhe pirsa ênggènipun pun Apyu, punika punapa badhe panjênêngan dalêm pundhut garwa.

Iya, wong wis pacanganku cilik mula.

Môngsa kenginga wayuh sadhèrèk.

Êlo, ora mêngkono, kowe takulihake [takuliha...]

--- 95 ---

[...ke] marang bojomu lawas.

Kok sakecane piyambak bae, kula môngsa ajênga linton malih, tiyang bagus panjênêngan dalêm.

Kacèk sapira, karo prakara mêngkono iku rak gampang, iya sok tilika bae ngarah apa.

Dados nama mênapa.

Iya sajênêng-jênênge.

E, la, botên mênawi kula kacara tiyang sabarangan.

Ora: ta, wong sadulur, môngsa aku nganggêpa mangkono. Sanadyan durung kowalèhake ênggone, mung aku kandhanana lêlakone bae kêpriye.

Sang rêtna lajêng anggancarakên cariyos wiwit saking cidranipun Umbul Pêdhakbrama, sang rêtna lajêng ingulêsan purun pinocong kabêkta mêdal lajêng kakèlèkakên ing bênawi, punika salêbêting galih taksih èngêt, wusana kauntal ing baya, wontên salêbêting wadhuk baya inggih taksih èngêt, saking parmaning Pangeran, baya sakit wêtêngipun mêntas saking kêdhung dhatêng ing gêgisik: mutah, baya malêbêt ing kêdhung malih, katungka dhatêngipun Jaka Gêniroga anguculi ulêsing mayit manggih sang putri ingkang dipun upadosi: sangêt bingahipun, lajêng lêlampah urut èrèng-èrènging ardi ambambing kathah curinipun pating cringih kados rining kêmarung, dipun tekadi kainggahan [ka...]

--- 96 ---

[...inggahan] dumugi ing Guwasiluman, manggih rajabrana agung tilaranipun Raja Karun, ingkang kawartos sagêd damêl êmas, sang putri lajêng yasa kadhaton, sarta balowarti larèn agung, angipuk têtiyang padhusunan sakiwa têngêning ardi, lajêng jumênêng ratu ajêjuluk Sang Prabu Bramarkata, Jaka Gêniroga kadadosakên patih nama Radèn Apatih Bratunu, lajêng nglurug dhatêng ing Indhu pinanggih suwêng, ingkang mêthukakên prang Sang Pangeran Ôndapawaka, sang pangeran kalindhih dados tawan kaboyong dhatêng Guwasiluman, lajêng dipun sèlèhi kaprabon, dening sampun sumêrêp yèn ingkang rama piyambak, sang putri têtêp dados sêkaring pura, lajêng dipun kramakakên angsa- (salêbêtipun cariyos sampun wiwit amingkis mêkêna) l Sang Pangeran Adipati Prabangkara (kalihan miyak tutuping mêkêna) ciluk ba. Kados punapa kagèting galihipun sang pangeran anjumbul anjrit sarwi karuna ngrangkul ingkang rayi. Para tamu ingkang taksih sami kasukan wontên ing dalêm agêng sarta ing pandhapa sarêng mirêng jêrit salêbêting kamar pangantèn, anyana yèn wontên bêbaya, enggal sami rawuh, sang pangantèn taksih rêrangkulan kêkêt botên kenging bênggang. Rawuhipun ingkang para rama ibu sawêg sarèh lajêng satata lênggah, para tamu angandika: wêdhone athik dadi mêngkono rupane. Sang Prabu Ôndakara sarta ingkang garwa sami anglênggêr, namung [na...]

--- 97 ---

[...mung] Sang Prabu Ôndapawaka ingkang tansah gumujêng, wusana dipun jèwèr talinganipun dhatêng ingkang raka, sambat: atho-atho sampun kapok.

Para nata natas botên wontên ingkang kondur dhatêng pamondhokan, andumugèkakên suka parisuka ngantos siyang.

Ing sabên dalu salêbêting kadhaton suka-suka ôndrawina, sang pangantèn dados sêsêkaring pasamuan, laminipun ngantos pitung dalu, para ratu tamu sarta para agung ing amônca praja sawêg bibaran kondur ing kithanipun piyambak-piyambak, namung ing alun-alun ngantos kawandasa dintên kawandasa dalu karamean sawêg bibaran.

Tamat.

--- 0 ---

INHOUD

Pratelaning nama-nama

Ôndakara, Prabu…ratu ing Indhu,

Ôndapawaka, Pangeran of Prabu…ingkang rayi Prabu Ôndakara, ngrêmêni bok jurutaman, mêdali Rara Apyu,

Anala = Nyai jurutaman, ing têmbe dados pramèswarinipun Prabu Ôndapawaka

Apyu, Rara… (= Prabu Bramarkata), (anakipun jurutaman)

Prabangkara, Pangeran adipati…putranipun Prabu Ôndakara,

Prabanggêni, Pangeran…putranipun pambajêng Prabu Ôndakara.

Pêdhakbrama, Umbul ing Gumantar,

Puyi, putranipun Pangeran of Prabu Ôndapawaka.

Jaksapawaka, wadana jaksa ing Guwasiluman,

Mrêtyubeya, juragan,

Gêniroga = Bratunu,

Gêniyara, pramèswarinipun Prabu Ôndakara.

Giripawaka, patihipun Prabu Ôndakara,

Guwasiluman,

Bramarkata, Prabu… (= Rara Apyu)