Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Purwacarita Bali, Sasrawijaya, 1875, #117

Katalog:Purwacarita Bali, Sasrawijaya, 1875, #117
Sambung:-

Serat Poerwotjarito Bali

--- 0 ---

Door Raden Sosrowidjojo

Batavia Landsdrukkerij

1875.

--- 0 ---

Punika Sêrat Purwacarita Bali anyariyosakên kawontênanipun Pulo Bali saurutipun. Awit kitha ing Jamburana, mangetan nêkuk ngalèr ngilèn, dumugi kitha Bulèlèng, sarta anyariyosakên nagari-nagari tanah ngriku sadaya.

--- 0 ---

Punika Sêrat Purwacarita Bali

Kajawèkakên dening Radèn Sasrawijaya

Kaêcap ing kantor pangêcapan guphrêmèn ing nagara Batawi ing taun 1875.

Ing ngandhap punika kawontênanipun ingkang kacariyos ing ngriki

1. Anyariyosakên lampahipun ingkang ngarang, sangking kitha Banyuwangi dumuginipun kitha Jamburana saubêngipun, dumugining kitha Tabanan ing kaca 1-9.

2. Nyariyosakên kitha Tabanan, sarta anyariyosakên kawontênanipun kitha ngriku, salajêngipun dumugi kitha Mênguwi, ing kaca 9-23.

3. Nyariyosakên kitha Mênguwi, sarta anyariyosakên punapa kawontênanipun, lajêng lumampah mangidul dumugining kitha Badhu, ing kaca -29.

4. Nyariyosakên kitha Badhung sarta anyariyosakên anggènipun lumampah mangetan dhatêng ing kitha Gianyar sarta wontên ing margi anyariyosakên kitha Bêbatu bawah Gianyar, ing kaca 29-35.

5. Nyariyosakên kitha Gianyar, sarta anyariyosakên punapa kawontênanipun kitha ngriku, lajêng lampahipun dhatêng kitha Klungkung, ing kaca 35-47.

6. Nyariyosakên kitha Klungkung, sarta nyariyosakên punapa kawontênanipun, lajêng lampahipun mangetan dumugi kitha Karangasêm, ing kaca 47-56.

7. Nyariyosakên kitha Karangasêm, sarta nyariyosakên punapa kawontênanipun, lajêng lampahipun ngalèr ngilèn dumugi kitha Bangli, ing kaca 56-62.

8. Nyariyosakên kitha Bangli, sarta nyariyosakên punapa kawontênanipun, lajêng lampahipun mangalèr ngilèn dumugi kitha Bulèlèng, ing kaca 62-66.

--- 0 ---

9. Nyariyosakên kitha Bulèlèng, sarta nyariyosakên punapa kawontênanipun, lajêng lampahipun mantuk wangsul dhatêng Banyuwangi malih, ing kaca 66-70.

10. Nyariyosakên kalakuan, tuwin agami sastra, pangangge sêsamènipun, miwah nyariyosakên adat-adatipun, ing kaca 70-102.

11. Cariyosipun ingkang ngarang, mawi kasêkarakên têmbung Mlajêng rêndhah, ing kaca 102-106.

--- 1 ---

1. Nyariyosakên lampahipun ing margi-margi dumugining kitha Jamburana tanah Bali

Kula Radèn Sasrawijaya, tiyang asal saking nagari Ngayogyakarta, dados santri wontên pondhok ing dhusun Sêpanjang, bawah kitha Malang, ingkang sampun lumampah nyantri, lumêbêt dhatêng pulo Bali saurutipun. Lampah kula saking kitha Malang dharat kemawon, ambêkta kônca santri 4, kula anjog nagari Banyuwangi, ing ngriku pulo Bali kula tingali saking plabuhan katingal kemawon, sarta inggih cêlak. Kula lajêng nyewa baita jukung sakônca kula santri 4 wau, nalika ing dintên Sênèn tanggal kaping 31 wulan Januwari taun 1871 ing wanci jam 12 dalu, lampah kula saking Banyuwangi mangetan. Sarêng jam 11 siyang, dumugi

--- 2 ---

dhusun Prancak bawah kitha Jamburana pulo Bali, jukung wau lajêng dipun inggahakên, nungsung lèpèn Prancak, saking sagantên lêrêsipun mangalèr, lajêng dumugi ing kitha Jamburana, ing ngriku lèpèn Prancak saking sagantên saurutipun minggah, kathah sangêt baita sagantên mudhik dumugining kitha. Wondèntên imbalanipun, anggèn kula nyewa jukung, saking Banyuwangi dumugining Jamburana, 1 tiyang 1½ rupiyah, sasampuning kula mêntas, kula lajêng sowan dhatêng kantor, anèkênakên sêrat kula pas laut, ingkang saking kantor Banyuwangi wau.

Ing ngriku kitha Jamburana kula tingali botên mèmpêr kitha, maksih kados padhusunan kemawon, ugi punika sampun kaasta ing Kangjêng Guphêrnêmèn, anaming dèrèng sae, malah kantoripun maksih alit sangêt, majêng mangilèn wontên sawetaning margi agêng kang mujur mangalèr, salèring margi kang mujur mangetan. Wau kantor dipun tingali saking radinan, kados gardhu kemawon. Salêbêting kantor ingkang nyambut damêl namung Tuwan Kontrolir thok, lan juru sêrat tiyang Mlajêng 1, kula lajêng nèkênakên pas, sarta kula ngaturi priksa dhatêng [dha...]

--- 3 ---

[...têng] Tuwan Kontrolir, yèn kula badhe lajêng dhatêng kitha Tabanan saurutipun. Tumuntên Tuwan Kontrolir paring priksa sarta piwulang kathah-kathah, bab kalakuwanipun para raja-raja ing tanah Bali, maksih asring purun damêl rêrêsah dhatêng bôngsa sanès ingkang lumampah tanpa dagang, kula kapurih ngatos-atos, ugi kula lajêng kaparingan sêrat pas lampah dharat. Kula lajêng mêdal saking kantor dhatêng radinan, kula ningali dalêm Kontroliran, sakilèn ngradinan majêng mangetan, dalêmipun maksih awon, tur payon kambêngan. Salèr kantor cakêt, griya kunjara, sampun pagêr banon payon gêndhèng, kula saking kantor mangidul kêdhik dhatêng radinan prapatan, sawetan radinan wontên griya panjang, bêbaturipun inggil, payon duk mujur mangalèr, kula pitakèn punika griya kasêbut Bale Agung, pirantos panggenanipun tiyang Jamburana manawi sidhêkah Galungan. Sawetaning Bale Agung wontên pagêr banon siti, ing lêbêt banon wontên griya 2 bundêr payon duk sungsun-sungsun, sarta griya alit-alit kathah, sami kados bagupon dara, punika kasêbut pura [pu...]

--- 4 ---

[...ra] Padewan, pirantos kadamêl sêmbayang agêng. Saking ngriku kula têrus mangetan, sumêdya sowan dhatêng dalêmipun Patih, ingkang kasêbut nami Gusti Ngurah Made Prancak, dalêmipun wontên sakidul margi, kalih alit-alit sami payon kambêngan. Kula lajêng lumêbêt sêsowan lênggah wontên ngandhap, Gusti Patih botên marêngi, kula kapurih lênggah jajar wontên ngambèn. Sasampunipun kula dipun bagèkakên kathah-kathah, kula nyuwun priksa barang aturanipun kitha Jamburana, sarta kula nuwun idin badhe mubêng-mubêng salêbêtipun kitha ngriku supados sampun wontên tiyang ganggu.

Ing waktu samantên, kitha Jamburana rajanipun pinuju lowong, namung wakil kimawon, kasêbut nami Gusti Made Rai, kula badhe sowan botên angsal, amargi sawêg pinuju gêrah, kula lajêng têrus dhatêng kampung Lolowan, panggenanipun tiyang Islam kang sami sugih-sugih, ugi sampun sami yasa masjid agêng sae, pagêr banon payon gêndhèng, pandamêlipun sami urunan. Wondèntên tiyang Islam kang sami gêgriya ngriku bôngsa tiyang Mandar utawi Bugis, tiyang Jawi awis. [awi...]

--- 5 ---

[...s.] Kula lajêng mubêng dhatêng pêkên agêng masih kados wande kemawon, Cina-cina namung satunggal kalih, tiyang wêwadean botên kathah.

Mênggah kawontênanipun priyantun ingkang cêpêng damêl kitha ngriku 1 wakil raja, 1 patih, 2 iji padhêndha, ingkang kuwasa agami ngiras jaksa, 1 malih pambêkêl agêng. Dèntên ingkang nami Jamburana punika lêrêsipun watawis saking kathah lêt sabin ragi kapara têbih, kadugi 1½ pal, ing kontrolir punika kasêbut nêgara.

Mênggah kawontênanipun paos sabin, ugi sampun lumados dhatêng Guphêrnêmèn, anaming pambayaripun tiyang alit warni pantun, ing sabên môngsa panèn sabin, angetang saking winih, ingkang saupami tiyang sêsabin waniyan 1 sêt = utawi sapocong agêng, pambayaripun paos 3 sêt = utawi 5 pocong agêng, dados kaetang sapara gangsalan saking winih, tiyang alit botên kenging paos sanèsipun, punika Guphêrnêmèn masih nglastantunakên panariking paos cara kina, mila ing sabên dhusun-dhusun Guphêrnêmèn kagungan lumbung, wau pantun paos yèn sampun môngsa awis dipun lelangakên, [lelang...]

--- 6 ---

[...akên,] katumbas ing tiyang kathah klayan yatra bolong = utawi gobog. Dèntên pakwade apyun kang nyêpêng tiyang Islam, bayar paos dhatêng Guphêrnêmèn, ing dalêm 634 ringgit, ugi bayar yatra gobog, mila manawi ing kantor sampun kathah gobog, lajêng dipun sambut-sambutakên dhatêng sawarnining juragan-juragan, kang asring kilak lêmbu dhatêng tanah Bali kawade ing tanah Jawi, panyauripun dhatêng Guphêrnêmèn tanpa sarêman, naming kapurih bayar yatra pêthak, manut sapintên adatipun gobog dados pêthak.

Kitha ing Jamburana punika tanah Bali ingkang kidul kilèn piyambak, pasitènipun sami-sami tanah Bali kalêbêt loh piyambak, toya-toya botên kirang, tur langkung siti kirang tiyang, mila pangaosing uwos pantun mirah sangêt, ngantos sami dipun bêkta dhatêng nagari sanès. Mênggah watêsipun kitha ing Jamburana punika kang wetan lèpèn Belukpoh, dados watês kalayan kitha Tabanan, trus mangalèr pindhah dumugi rêdi Batukao, watês ingkang lèr rêdi Kuthul mangilèn dhatêng rêdi Malang Tandhês sagantên kilèn, dados watês kalayan kitha Bulèlèng, [Bulè...]

--- 7 ---

[...lèng,] ingkang kilèn sagantên kilèn, watês ingkang kidul sagantên kidul utawi plabuhan Prancak, dèntên lèpèn ingkang agêng namung 3, 1. lèpèn Prancak salêbêt kitha, 2. lèpèn Sumbul, 3. Lèpèn Belukpoh, kang wetan piyambak wau, sadaya lèpèn kang sampun kacariyos ngriki, punika sami mili mangidul dhatêng sagantên, dèntên lèpèn kang alit-alit inggih kathah.

Kula wontên kitha Jamburana pikantuk 4 dintên, ing dintên Jumungah wanci jam 7 enjing, kula lumampah mangetan, badhe dhatêng kitha Tabanan, lampah kula nyarêngi tiyang Jawi badhe kesah dhatêng Tabanan ngupados dagangan lêmbu, ing ngriku lampah kula sarêng 7 pal saking Jamburana, lajêng lumêbêt ing wana nusup-nusup, marginipun saklangkung rumpil, sarta maluh-maluh, manawi môngsa rêndhêng tiyang numpak kapal saèstu botên sagêd. Tumuntên lampah kula menggok ngidul ngetan anjog sagantên, lajêng mangetan nurut pasisir pèrèngipun rêdi Rêmbug, mila manawi sagantênipun rob botên sagêd lumampah, kêdah ngêntosi surutipun. Kula sipêng wontên pasanggrahan, sapinggir lèpèn Sumbul [Sumbu...]

--- 8 ---

[...l] ugi pinggir sagantên, punika pasanggrahan prantosipun Tuwan Risidhèn Toyawangi kèndêl wontên ngriku, malah asring nyare, yèn mêntas papriksa tanah Bali, anaming griyanipun masih awon sangêt, namung dipun jagi tiyang 1, tur kanan kering tanpa wontên dhusun. Wontên ngriku kula dipun criyosi dhatêng kang jagi pasanggrahan, cariyosipun para raja-raja tanah Bali saurutipun asring purun damêl rêrêsah dhatêng tiyang kang tanpa bêkta dagangan, awit dipun wastani badhe mangangkah awon, dados kula manah cocog lan piwulangipun Tuwan Kontrolir, wontên ngriku kula lajêng damêl sêrat palsu, mawi kula cap sarana ringgit kula panggang ing dilah, sêratipun kula ungêlakên priyantun agêng tanah Jawi angutus dhumatêng kula ngupados bathok kalapa mripat satunggal, sipêng sadalu enjing kula mangkat mangetan, ugi masih nurut pasisir, botên mêningi-mêningi dhusun, tumuntên menggok mangalèr saking pasisir minggah rêdi Lalang Lingga, lajêng tumêdhak mangetan anjog lèpèn kapara agêng, kasêbut lèpèn Balian, sawetan lèpèn kula kawit mêningi dhusun, lampah kula lajêng ngalèr ngetan [ngeta...]

--- 9 ---

[...n] marginipun malah saklangkung angèl, tur botên wontên palanipun. Kula sipêng malih sadalu, enjing pangkat ugi botên sisah lan kônca kula santri 4, sarêng ing dintên Ngakhad wanci jam 12 siyang kula dumugi kitha Tabanan, dados lampah kula saking Jamburana dumuginipun kitha Tabanan, kula sipêngi kalih dalu margi, awit lampah dharat.

2. Nyariyosakên kitha Tabanan

Sarêng lampah kula sampun dumugi kitha Tabanan, kula lajêng sowan dhatêng dalêming pambêkêl agêng, sarêng dipun panggihi, kula ngakên kautus sarta sêrat palsu kula aturakên, sadaya paturan kula têmbung Mlajêng, anaming pambêkêl agêng botên sagêd Malajêng, tumuntên kula dipun pondhokakên dhatêng griyaning pambêkêl alit dhusun Kabongan sakidul kitha cakêt, sarta pyambakipun blêntèng-blêntèng sagêd têmbung Mlajêng, wontên ngriku sadalu, enjing

--- 10 ---

kula dipun irid sowan dhatêng pambêkêl agêng malih, lajêng sêrat kula dipun priksa, kula piyambak ingkang kapurih maos, pambêkêl alit ingkang nêmbungakên Bali, sasampuning têrang, kula lajêng gadhah atur nuwun saos bêkti dhatêng raja Gusti Ngura Agung, sarêng dipun aturakên, raja botên marêngi, amargi sawêk pambêng muja sêmadi, badhe mlabuhi = utawi ngobong layonipun ingkang garwa sêlir seda sampun têtilar putra, ananging kula kalilan lumêbêt salêbêting puri, sarta kairid dhatêng priyantun kang kawasa nyêpêng nagari ngriku 1. Krêta agung = utawi jêksa agêng, 2. Pambêkêl agêng, 3. Panyarikan = utawi juru sêrat. Ing ngriku dalêming raja kasêbut puri, wau puri mujur mangalèr, angajêngakên radinan agêng, anaming radinan kang kidul miwah kang lèr wontên regolipun kasêbut lawang crancang, dipun jagi tiyang 20 sisih, purinipun banon siti mêntah, dipun sêling-sêling banon wadhas, kalepa ing siti kemawon, kandêlipun kadugi 3 kaki, inggilipun 14 kaki, wau pagêr banon kang nginggil saubêngipun mawi payon duk, mênggah wiyaring puri kula jangkahi klayan lumampah 420, ujuripun mangalèr, [manga...]

--- 11 ---

[...lèr,] pangidulipun 300 jangkah, kula lajêng dipun irid lumêbêt mangilèn, lumêbêt ing regol sapisan, warninipun inggil tur ciyut, botên mèmpêr lan inggilipun, punika kasêbut lawang agung, sarêng kula lumêbêt malih wontên kori kasêbut lawang Kandhêg, panggenanipun para punggawa sami mangangge kampuh manawi badhe lumêbêt, tumuntên lumêbêt wontên regol malih, kasêbut lawang Burdhamanik, panggenanipun tiyang nyambut damêl ngukir ukir, lumêbêt malih nuntên lawang kêmbar, tumuntên lawang mas, ing ngriku lajêng wontên griya alit, tos-tosanipun sarwa dipun praos, sakanipun ing têngah satunggal, kasêbut Bale Purdhamanik, payonipun sirap pring, punika prantos raja sinewaka wontên ngriku, ugi kasêbut Bale Panangkilan, dèntên griya pasareaning raja kasêbut Bale Ukiran, tuwin ing ngriku panggenaning para laksmi = utawi para sêlir. Aliya saking punika pintên-pintên griya ingkang wontên naminipun piyambak-piyambak têmbung Kawi, punapa malih antawising regol-regol wau ugi wontên [wontê...]

--- 12 ---

[...n] naminipun, anaming sadaya regol-regol botên nate mênga, yèn botên wontên damêl agêng, dèntên ingkang kadamêl langkung padintênan, mêdal kiwanipun, kapasangan kori alit. Sasampuning waspaos, anggèn kula nêningali lajêng dipun jak mêdal, wangsul dhatêng griyaning pambêkêl agêng malih, kula lajêng nuwun priksa dhatêng Krêta Agung, sabarang aturanipun nagari ngriku, ugi Krêta suka pitêdah klayan salêrêsipun, anaming sarêng kula pitakèn cacahing tiyang, miwah kathah kêdhiking paos, Krêta Agung lajêng jêginggat sêmu sujana dhatêng kula, kula inggih lajêng kèndêl sarta sangêt ajrih.

Kitha Tabanan punika kalêrês wontên sukunipun rêdi Batukao ingkang kidul wetan, mênggah bawahipun kalêbêt wiyar, ing dhusun-dhusun sawangsinawang. rêgêng tur griya-griya kathah, pasitènipun sêmu abrit, kawontênanipun têtanêman pantun sêdhêng kemawon, mênggah panariking paos sabin dhatêng tiyang alit warni pantun, ugi botên sanès lan panariking paos kitha Jamburana kang sampun kula cariyosakên ngajêng, anaming tiyang alit tanah Tabanan sabên taun kenging yatra panulis dhatêng raja, 1 tiyang [ti...]

--- 13 ---

[...yang] 25 gobog, dèntên paos pak wade candu raja amundhut ing dalêm têlasipun apyun saglondhong 1 bêku = utawi 1000 gobog.

Wondèntên watêsipun kitha Tabanan punika, ingkang kilèn lèpèn Belukpoh, nurut mangalèr dumugining rêdi Batukao, inggih punika watês lan kitha Jamburana, watês ingkang lèr rêdi Sênggayang, dados watês lan kitha Bangli tuwin kitha Bulèlèng, kang wetan lèpèn Sungi, dados watês lan kitha Mênguwi, watês kang kidul kitha Tabanan punika ambawahakên raja 4:

1. kasêbut kitha Krambitan

2. kasêbut kitha Kêdhiri

3. kasêbut kitha Marga

4. kasêbut kitha Bereyan

Dèntên sawarnining para raja-raja kang alit-alit wau sami kuwasa nyêpêng khukum piyambak-piyambak.

Mênggah paukumanipun kitha Tabanan, kula sampun nyuwun priksa dhatêng Krêta Agung, cariyosipun ingkang saupami wontên durjana raja pêjah, saèstu inggih ukum pêjah, sarana dipun tuwêk, panggenan dhadha sangandhaping

--- 14 ---

susu kang kiwa. Manawi wontên durjana kadakwa mandung, ukumipun pandung kapurih mangsulakên tikêl tiga saking trêka, wau tikêlan lajêng dipun bage 3, ingkang saduman kagadhah dhatêng Krêta sakancanipun para Lid Landrat, ingkang kalih duman kaparingakên tiyang kang gadhah barang, dèntên manawi durjana botên sagêd anglintoni tikêl tiga, lajêng kapasrahakên dhatêng pambêkêlipun dhusun, wau durjana kapurih made sapintên pajêngipun, yatra lajêng kabagèkakên ing nginggil wau. MawiManawi. wontên tiyang mêmandung kagunganing raja miwah gadhahaning punggawa, siyanga dalua kathaha sakêdhika, saèstu ukum pêjah. Manawi wontên tiyang jina utawi rêmênan, ukumipun ingkang jalêr kadhêndha arta 2 bukus,bungkus. 4 bêku, 500 kèpèng§ artosipun 1 bungkus = 12 ringgit, 1 bêku = 1000 gobog. yèn botên sagêd bayar saèstu ukum pêjah, katingalakên ing kathah. Manawi wontên tiyang sêlang sambut barang kang pangaos, môngka ical, dèntên tiyang sêlang sambut yatra botên sagêd nyaur, saèstu tiyang kang gadhah sambutan kapasrahakên dhatêng tiyang kang nyambutakên, kapurih made [ma...]

--- 15 ---

[...de] ing pundi panggenipun pajêng. Manawi wontên prakawis alit, kados ta: botên jagi sêsaminipun, saèstu ukum bêlokukum belok maksudnya dihukum dengan cara kedua kakinya dipasung. 20 dintên, trêkadhang langkung saking punika, mênggah ingoning pasakitan kajibah ingkang gadhah dakwa.

Wondèntên sahing khukum kitha Tabanan namung kalih prakawis: 1. Dakwa, 2. Sumpah, punika saking cariyosipun Krêta Agung amêndhêt wêwaton saking ungêlipun rontal agami paukuman, ingkang sampun kaagêm para raja-raja ing jaman kina dumuginipun samangke. Dèntên manawi para raja kang alit-alit badhe ngukum tiyang durjana sasaminipun, inggih ugi mêndhêt wêwatos saking rontal agami paukuman, anaming durjana kêdah katantun, trimah lan botênipun, yèn botên trimah inggih kaladosakên dhatêng raja agêng, anaming sakathahing durjana kathah kang narimah dipun ukum ing raja alit, amargi botên nate sulaya lan paukumanipun raja agêng.

Raja Tabanan punika manawi seda botên kenging sabên putra saking padmi anggêntosi karajan, yèn dede [de...]

--- 16 ---

[...de] wêdalanipun putri ingkang saking kitha Krambitan bawahing Tabanan.

Wondèntên dhaharing raja, ingkang liya saking paos sêsaminipun, warni sabin pintên-pintên panggenan, siti turunan saking para lêluhur kina-kumina, botên kalong-kalong, dèntên sabining para punggawa inggih samantên ugi, botên santun-santun.

Kula wontên kitha Tabanan kalêrêsan sumêrêp badhe = utawi bakakas ingkang badhe kadamêl ngobong layon garwa sêliring raja, kula pitakèn dhatêng Krêta Agung anggènipun ngajal sampun 8 wulan, wau layon dipun buntêl ing sinjang tuwin gêlaran enggal, karut-rut ing tampar, dipun wadhahi salêbêting bandhosa, karimatan wontên salêbêting dalêm.

Dèntên anggenipun andamêlakên badhe = utawi bêkakas wau saklangkung sae, mawi amben-ambenan pring sungsun 3, kula ukur wiyaripun 25 kaki pêsagi, sami dipun pantèki kajêng ukir-ukiran, tuwin bubut-bubutan, satêngahing ambèn-ambèn dipun pasangi pucang kasigar-sigar ingkang wiyaripun 4 dim, pintên-pintên [pintên-pintê...]

--- 17 ---

[...n] atus sami kasambêt-sambêt, mawi dipun rut-rut ing panjalin, kula oyag saklangkung kêkah, ingkang ngandhap agêng, saya minggah-minggah saya alit, sungsun 7, dumugining panggenan layon, sainggiling layon kapasangan malih sungsun 7, dados sadaya sungsun 14, saking sainggil amben-ambenan dumugining wêkasan kang nginggil piyambak, wau adêg-adêg saking nginggil mangandhap dipun pajang-pajang sinjang warni-warni, wontên kang pêthak cêmêng jêne lan sinjang jingga, sarta kapasangan kartas Cina warni-warni, sinêlang-sêling grènjèng-grènjèng miwah praos, punapa malih pangilon pintên-pintên dipun tèmplèk-tèmplèkakên mawi ancur, sinjang ingkang pêthak mawi dipun sêrat gambar-gambar ringgit purwa, wau badhe pojokanipun 4, sabên pojok dipun pasangi gambar kranjang estha liman mawi lar, kasungging-sungging saklangkung lêmês, sangandhaping ambèn ugi wontên gambar kranjang estha dênawa mawi lar, saklangkung agêng, kaupamèkakên ingkang gendhong badhe wau, mila gambar dênawa punika kasêbut Wilmana, sanèsipun punika rarupèn pintên-pintên warni, wontên kang kados joli, tandhu, krêmun, lan wontên kang kados cêngge [cêng...]

--- 18 ---

[...ge] pramainan Cina, liyanipun malih kados ta: ancak jodhang, lan jatingarang langkung kathah, punapa malih kajêng-kajêng tilaran kang badhe kadamêl ngobong sampun dipun kêthok kapapak ugi kathah kados rêdi. Sadaya bakakas wau manawi tiyang Bali kasêbut bade.

Saking cariyosipun wau layon kang wontên salêbêting bandhosa, yèn sampun dumugi dintên kang katamtokakên, dipun tumpangakên nginggil sabandhosanipun, angsalipun numpangakên sarana mènèk ôndha, ingkang sami inggilipun, sasampuning layon kapasang lajêng dipun pasangi tumpang malih, mila dados sadaya sungsun 14, saking ngandhap dumugining nginggil, wau bandhosa kang isi layon dipun mori yatra gobog 5 bêku tuwin langkung. Dèntên warninipun badhe kula tingali calêk,cêlak. saèmpêr sêkaranipun Tuwan Jendral Mayur Makilês ing Batawi, mênggah inggilipun Badhe punika 20 dhêpa.

Kula pitakèn wragatipun Badhe ingkang makatên punika ngantos têlas 2000 ringgit, malah-malah punika badhe namung nomêr 3, amargi garwa sêlir, manawi garwa padmi

--- 19 ---

tuwin layoning raja sêsaminipun ingkang bôngsa inggil, saèstu wragatipun langkung saking punika, sabab layoning raja anggènipun damêl Badhe botên kenging wontên sajawining puri, kêdah wontên lêbêt kadhaton, sarta wêdaling Badhe botên kenging mêdal ing regol, kêdah kadamêlakên krêtêg tumumpang sanginggiling gapura, saking kadhaton dumugining jawi.

Wau layon manawi sampun dumugi dintên kang katamtokakên, sarta sampun kapasang ing Badhe lajêng dipun usung kabêkta ing tiyang langkung 300 dhatêng ing sêma = utawi kuburan, dèntên ingkang dhèrèk raja agêng sagarwa putranipun sadaya, tuwin para raja pambêkêl sapangandhap jalêr èstri. Angkatipun badhe mawi dipun arak bôngsa sruni têtabuhan warni-warni, tuwin urmat sanjata Mriyêm saklangkung rame. Bilih sampun dumugi ing sêma wau badhe lajêng dipun tumpuki kajêng-kajêng saubêngipun, tumuntên dipun sêmbahyangi, kasêbut sêmbahyang Muspa, dening para sêpuh miwah raja pandhita, sasampuning rampung sêmbahyang lajêng raja pandhita angujubakên kathah-kathah ekraripun, amêndhêt saking ungêling rontal kamuksan [ka...]

--- 20 ---

[...muksan] = utawi kitabipun, tumuntên kajêng dipun sumêt ing brama maju sêkawan, sarta siniram ing lisah klapa, lan raja pandhita angujubakên malih ingkang warni sêkul ulam, bêkakak babi, sagawon, andhapan, menda, lan bêkakak kidang, miwah dhêdhaharan pintên, sadaya minôngka sidêkah, lajêng sami katêdha ing tiyang kathah, tuwin dipun pakakakên sagawon kathah, wontên kang pancèn dipun tilar wontên ing Sêma.

Sasampuning Badhe wau têlas katêdha ing brama, awuning layon dipun pêndhêti malih dipun wadhahi cêngkir gadhing, lajêng kawadhahan ing bokor pêthak. Lêlangkunganipun awu kawadhahan sinjang pêthak. Dipun sandhingakên ing cêngkir gadhing, tumuntên dipun sandhingi busana sinjang kang sae-sae, lajêng dipun sukani nami, nuntên kabêkta kondur, sawatawis dintên awu kalabuh ing sagantên. Panglabuhing awu mawi dipun sidêkahi malih, ugi kathah wragadipun, mèmpêr kala pangobongipun, punika kasêbut sidêkah (petra wedana), watawis dintên malih dipun sidêkahi malih, kasêbut (èsthi wedana), sarêng watawis dintên malih dipun sidêkahi [si...]

--- 21 ---

[...dêkahi] saklangkung agêng tur pangocalipun sêkul ulam, kêdah ingkang rampung sami sadintên. Sarta sawarnining tiyang kang ocal-ocal kêdah milih, upami tiyang kithing, tiyang ina, tiyang cekot, sasaminipun botên kenging tumut ucal-ucal. Inggih punika ingkang kasêbut sidêkah (dewa yadnya).

Sasampuning têlas agènanggèn. kula nyuwun priksa, kula lajêng pamit. Wangsul dhatêng pondhokan. Nuntên kula kaparingan sêgah dhatêng raja gusti, warni uwos kambangan, bumbu-bumbu sasaminipun. Kula sipêng wontên ngriku 4 dalu, ing dintên Kêmis wanci jam 7 kula wêling atur nuwun pamit dhatêng raja, kula lajêng dipun paringi sangu yatra gobog 2 bêku, tumuntên kula têrus sumêdya badhe dhatêng kitha Mênguwi, lampah kula saking kitha Tabanan mangetan. Sarêng watawis lampahan 7 pal, kula dumugi dhusun Snawang, ing ngriku marginipun dipun sangkrahi romot-romot, miwah êri-êri ngantos sap 3, kontênipun namung brobosan kemawon. Sarta ing kiwa têngên margi dipun jagèni tiyang kathah kanthi kêpala sumaktasamêkta. sadêdamêlipun. Kula lajêng nyalêknyêlak. pitakèn

--- 22 ---

punapa sababipun. Dene radinan dipun sangkrahi sarta kajagi, cariyosipun, sampun dangu raja Tabanan sulaya klayan raja Mênguwi, manawi tiyang bawah Tabanan dhatêng bawah Mênguwi dipun pêjahi, tiyang Mênguwi dhatêng Tabanan samantên ugi, yèn tiyang alit kawastanan têlik, yèn pambêkêl sapanginggil kawastanan badhe damêl rêrêsah, malah-malah ing môngsa-môngsa asring papêrangan. Ngantos kathah pêpêjah, tumuntên kula nêdha pramisi dhatêng pambêkêl kang jagi badhe langkung sarta kula cariyos utusan. Ugi lajêng dipun wêngani kontên. Kula lajêng têrus mangetan. Sawetan dhusun Snawang punika lèpèn Sungi, watês kitha Mênguwi lan kitha Tabanan. Anaming lèpènipun alit. Kula lajêng minggah mangetan dumugi dhusun Suralaga sampun bawah kitha Mênguwi, marginipun ugi dipun sangkrahi êri-êri sap 3 sarta mawi dipun jagang lêbêt. Ugi wontên ingkang jagi, malah waosipun dipun liga, kula lajêng bêngok nêdha kontên. Tumuntên waosipun ligan dipun acungakên. Saha pitakèn songol. Saking ajrih kula, kula bêngokakên utusan [u...]

--- 23 ---

[...tusan] saking Batawi, ugi inggal-inggal kontên dipun bikak. Tumuntên kêpalanipun takèn sêrat kula, sarêng sêrat kula dêdahakên, pambêkêl priksa wontên capipun ringgit, sadaya tiyang kang ningali sêmu ajrih, kalêstantunakên lampah kula, anaming tiyang ingkang bikak têtêg kontên jawab ngêmis 1 tiyang 1 gobog. Rèhning kula tiyang 3, inggih 3 gobog. Kula lajêng têrus mangetan. Sarêng wanci jam 2 siyang kula dumugi kitha Mênguwi.

3. Nyariyosakên Kitha Mênguwi

Wontên kitha Mênguwi kula anjujug ing griya agêng satêngahing radinan. Wau griya mawi sungsun kados masjid. Kasêbut Bale Pasabungan. Ing ngriku salêbêting bale tiyang main kartu Cintên langkung kathah, ngantos pintên-pintên pantha kados pêkên. Sarêng kula dhatêng, sadaya tiyang kartu bibar, sami nonton dhatêng kula, jalêr èstri agêng alit yènta kula sagêda têmbung

--- 24 ---

Bali sadaya tiyang sami mbagèkakên. Wangsulan kula namung têmbung Mlajêng kemawon. Wusana lajêng sami botên sumêrêpipun, kula lajêng anjujug griyaning Cintên Pakwade candu, punika blêntèng-blêntèng sumêrêp mlajêng, kula lajêng dipun dêdahakên griyaning juru basa, sarêng kula lumampah, kalêrêsan pinanggih, tumuntên kula dipun irid dhatêng griyaning pambêkêl agêng, sarêng wontên ngriku, sêrat kula palsu dipun tingali, inggih lajêng sami pitados kemawon. Nuntên kula gadhah atur badhe nuwun saos bêkti dhatêng raja gusti Anak Agung Made Agung, anaming waktu samantên Raja Gusti pinuju sêpên. Kalêrês sawêk tindak dhatêng kitha kapal bawah ngriku, kadugi botên inggal kondur, dados kula namung nêdha prêmisi mubêng-mubêng sajawining puri kemawon.

Dalêming raja Mênguwi punika majêng ngetan. Wontên pojok margi prapatan kang kidul kilèn, gledheganipun kalih, lèr satunggal wetan satunggal. Purinipun mujur mangilèn. Kula jangkahi klayan lumampah pangilènipun 300, pangidulipun 210 jangkah, banonipun sae sangêt. Amargi wadhas kang dipun angge, ing

--- 25 ---

nginggil mawi dipun lis urutipun. Tur botên mawi payon wondèntên gledheganing raja kalêbêt sae, ngangge pancak suji banon, ukir-ukiran. Sasêkaran miwah rêca-rêca kathah, kori kang lumêbêt dalêming raja sap 3, ugi wontên naminipun piyambak-piyambak. Sarta sabên regol kajagi tiyang 15.

Wontên ngriku kula lumêbêt ing pura padewaning raja, panggenanipun kalêrês wontên lèr wetan, lêt lèpèn alit. Sarêng kula lumêbêt, mila inggih sae, pagêr banon sap 3, mawi blumbang sap 2, majêng mangidul angajêngakên radinan agêng kang mangetan. Korinipun 3 pangkat. Kori kang lêbêt wontên mriyêmipun, dhasar prunggu, ing pucuk ngangge gambar bajul. Cariyosipun punika mriyêm, sampun kina kumina, ing bokotbongkot. wontên sasêratanipun sastra Bali, mriyêm kang wetan mungêl arda côndra, kang kilèn mungêl Sarabala, anaming wau sastra, pandugi kula susulan sasampuning mariyêm dados.

Kitha Mênguwi punika papanipun kalêbêt radin. Pasitènipun sêmu pêthak. Wêdaling têtanêman sêdhêng kemawon, [ke...]

--- 26 ---

[...mawon,] mêgahmênggah. panariking paos sabin dhatêng tiyang alit botên sanès lan kitha Tabanan. Anamung tiyang wade candu botên kenging paos. Kajawi naming raja gusti dhaharipun sês agêng botên tumbas. Tansah mundhut kemawon, gagêntosan salaminipun. Dhatêng sawarnining tiyang kang wade candu, dèntên bawah kang lèr kathah tiyang sami nanêm kopi saking kajêngipun piyambak. Ugi sami kenging paos dhatêng raja, ing dalêm kopi 1 pondhong = utawi wawrat 160 kaki, kenging waos 250 gobog.

Wondèntên watêsipun kitha Mênguwi punika, kang wetan dhusun Jagapati, dados watês lan kitha Gianyar, ingkang bang lèr dhusun Catur, dados watês lan kitha Bangli, kang kilèn lèpèn Sungi, dados watês lan kitha Tabanan. Kang kidul kilèn sagantên kidul. Kang kidul lêrês dhusun Sêmpidhi, dados watês lan kitha Badhung. Kitha ngriku punika botên gadhah bawah rêdi kang agêng, tuwin lèpèn kang agêng-agêng inggih botên gadhah.

Kitha Mênguwi wau ambawahakên raja 9 kang agêng-agêng kemawon, kados ing ngandhap punika,

--- 27 ---

1. kasêbut kitha kapal, ingkang kuwasa kasêbut raja

2. kasêbut kitha Sibang ingkang kuwasa kasêbut raja

3. kasêbut kitha Kabê-kabê, ingkang kuwasa kasêbut raja

4. kasêbut kitha Panarungan, ingkang kuwasa kasêbut raja

5. kasêbut kitha Blayu, ingkang kuwasa kasêbut raja

6. kasêbut kitha Carangsari, ingkang kuwasa kasêbut raja

7. kasêbut kitha Taman, ingkang kuwasa kasêbut raja

8. kasêbut kitha Buwang, ingkang kuwasa kasêbut raja

9. kasêbut kitha Cêmbung, ingkang kuwasa kasêbut raja

Mênggah satunggil-tunggiling kitha kang kula criyosakên ing nginggil wau sadaya, sami kuwasa matrapakên kukum. Sarta sami ngingah krêta, anaming sadaya putusan inggih kêdah lapur dhatêng raja agêng. Punapa malih para raja wau bawahipun sangêt ciyut, kula tandhing klayan bawahing para dhistrik ing tanah Jawi botên sapalihipun.

Kula lajêng nêdha priksa dhatêng pambêkêl agêng mênggah patraping paukuman kitha Manguwi, ugi botên sanès lan paukuman kitha Tabanan ingkang sampun kula criyosakên. Naming kaotipun kitha Mênguwi

--- 28 ---

yèn wontên tiyang ngrojèng = utawi nyolong pantun, dipun kêthok tanganipun ingkang têngên, sukunipun ingkang kiwa trakadhang dipun prithili jênthikipun sadaya.

Sasampuning têrang anggèn kula nêdha priksa bab ing ngajêng wau sadaya, kula lajêng dipun pondhokakên griyaning pambêkêl alit. Sarta kula dipun sukani sêgah sarwa mêntah, uwos, ayam, bumbu sasaminipun, wicantêning pambêkêl agêng, wau sasêgah pêparinging raja gusti, sabab sampun adat. Yèn wontên utusan, saèstu kaparingan sêgah, sanadyan dede utusan, manawi tiyang bôngsa sanès, manawi wontên ngriku ugi pikantuk têdha saking raja gusti. Wontên kitha Mênguwi kula sipêng 2 dalu, raja gusti maksih dèrèng kondur. Sarêng ing dintên Sêtu tanggal kaping 12 wulan Pebruwari, kula pamit dhatêng pambêkêl agêng, sumêdya anglajêngakên lampah dhatêng kitha Badhung, kula lajêng kaparingan sangu arta 1 bêku, jawabipun, ugi saking pêparingipun raja gusti. Sarêng wanci jam 10, kula mangkat mangidul ragi ngetan sakêdhik, radinanipun ragi sae sarta radin. Anaming minggak-minggok [ming...]

--- 29 ---

[...gak-minggok] sarta ciyut. Sarêng wanci jam 4 siyang, kula dumugi kitha Badhung, dados saking Mênguwi kula botên sipêng ing margi.

4. Anyariyosakên kitha Badhung

Kitha Badhung punika rajanipun agêng 2, tunggil sadhèrèk. Dalêmipun ragi têbih, wetan lan kilèn. Kadugi têbihipun ½ pal. Lêt lèpèn alit. Ingkang kilèn kasêbut nami Raja Gusti Ngurah Gêdhe Dhanpasar, kang wetan kasêbut nami Raja Gusti Ngurah Agung Pamêcutan. Wondèntên panyêpênging bawah, sami ngêrèh kemawon. Naming wulu wêdal tuwin paos sasaminipun kapalih.

Raja kêkalih wau sami kagungan krêta agung piyambak-piyambak. Manawi mutus prakawis sami ngalêmpakakên satunggal rêmbag. Anaming krêtanipun agung ingkang agêng piyambak kasêbut nami krêta Agung Kêthut Sawunggaling.

--- 30 ---

Dèntên dalêmipun raja Dhanpasar majêng mangidul. Wontên salèring margi kang mangilèn. Sakilèning margi kang mangalèr, gledheganipun kalih, kang wetan lan kidul angajêngakên pêkên. Wurinipun mujur mangalèr kalêbêt awon sangêt. Wondèntên dalêmipun raja Pamêcutan, ugi majêng mangidul. Angajêngakên pêkên. Wontên sawetaning radinan kang mangalèr, salèring radinan kang mangilèn. Wurinipun mujur mangalèr, warninipun ragi sae sakêdhik. Kula jangkahi klayan lumampah 260 jangkah pangetangipun, pangalèripun 200 jangkah. Dèntên ingkang nami kitha Badhung punika sapinggir laut kidul. Saha wontên rajanipun piyambak kasêbut Dewa, anaming inggih kêbawah dhatêng raja Dhanpasar tuwin dhatêng raja Pamêcutan.

Mênggah têbihipun saking Dhanpasar, dumugining Badhung pinggir sagantên, udakawis 7 pal. Wontên Badhung kula sowan dhatêng raja ingkang kawasa ngriku, kula dipun takèni botên ngakên kautus. Namung ngakên pados sadhèrèk kemawon. Mila makatên, amargi tiyang ing ngriku sampun wontên tiyang satunggal kalih ingkang sagêd sastra Mlajêng Arab tuwin Walandi, kula wontên Badhung mondhok griyaning [gri...]

--- 31 ---

[...yaning] juru basa, ugi kula mubêng-mubêng wontên ngriku, mila inggih pantês yèn dipun wastanana kitha, amargi ragi rame, tontonan botên wontên latipun. Tiyang wêwadeyan rintên dalu gumêlar, Cina-cina inggih kathah sarta sami griya gêdhong agêng-agêng, punapa malih manawi tiyang Cina wangkang sami labuh wontên ngriku, saklangkung mirah yatra, dados cok makatêna, sawarnining yatra gobog. Ingkang kalampah wontên ing pulo Bali punika saking pambêktanipun tiyang Cina, cok makatêna, ing tanah Jawi kala jaman Maospahit inggih yatra gobog saking nagari Cina, awit dhasaring gobog, miwah sasêratanipun sami, sarêng bôngsa kulit pêthak sami dumunung wontên tanah Jawi, punika kawitipun wontên yatra têmbagi warni-warni miwah yatra pêthak sasaminipun.

Ing Badhung punika wontên plabuhanipun. Kasêbut plabuhan Srangan. Anaming cariyosipun para juragan laut, plabuhan Srangan wau kalêbêt rumpil sangêt, mila sampun kathah baita dagang ingkang kandhas wontên ngriku, kula namung sipêng sadalu, kèndêl bêdhug kula wangsul mangalèr, dhatêng karajan Pamêcutan. Kula jujug sowan [so...]

--- 32 ---

[...wan] dhatêng dalêmipun Krêta Agung Kêthut Sawunggaling, ugi kula botên ngakên utusan. Namung sêngadi ngupadosi sadhèrèk kemawon. Wontên ngriku kula sasêmbèn nuwun priksa, sabarang aturanipun nagari ngriku.

Mênggah ingkang nyêkêl khukum raja agêng 2, Krêta Agung 2, pambêkêl agêng 4, Panyarikan 4, dèntên patraping paukuman, mèh botên sanès lan kitha Mênguwi miwah Tabanan. Kaotipun namung manawi wontên durjana pandung, botên sagêd nglintoni tikêl 3 saking trêka, saèstu raja agêng ingkang nglintoni, anaming durjana dipun tundhung saking bawah ngriku salaminipun gêsang, yèn ngantos ngatingal malih saèstu ukum pêjah. Dèntên manawi prakawis alit sasaminipun, patraping paukuman dipun rante jangganipun. Kacancang ing saka, botên kenging kesah-kesah, wontên pinggir margi prapatan. Wangênipun 15 dintên. Agêngipun 30 dintên. Mênggah ingkang nyukani ingon sawarnining durjana, kajibah warising pasakitan.

Wondèntên pasitèn tanah ngriku punika kalêbêt sae, [sa...]

--- 33 ---

[...e,] têtanêman inggih lêma-lêma, tur botên kirang toya, anaming sitinipun wêdhi, amargi kaetang pinggir sagantên. Mênggah panariking paos sabin dhatêng tiyang alit warni yatra, ugi angetang saking winih, ing dalêm sabin winihan 1 sêt kenging paos 1 ringgit. Yèn bayar yatra bolong 400 gobog, dèntên paos plabuhan miwah paos pak wade candu, sampun katêbas dhatêng bandar Cina, ing sabên wulan bayar dhatêng raja 896 ringgit, ajêk salaminipun, botên mindhak botên mêdhun. Kitha Badhung punika botên gadhah bawah rêdi, botên gadhah bawah lèpèn kang agêng, namung 1 lèpèn dawa ingkang mili dhatêng plabuhan Srangan. Wondèntên watêsipun, kang wetan antaraning dhusun Batubulan, watês lan kitha Gianyar, kang lèr dhusun Sêmpidhi, watês lan kitha Mênguwi, ingkang kilèn kula botên têrang, anaming ugi têpang watês lan Mênguwi dumugining sagantên kidul. Nêkuk mangetan dumugining plabuhan Srangan. Ingkang sampun kula criyosakên ing ngajêng wau.

Kitha Badhung wau angêrèhakên raja kang agêng-agêng 5, kados ing ngandhap punika,

--- 34 ---

1. kasêbut kitha Badhung, ingkang kuwasa kasêbut raja

2. kasêbut kitha Petangan ingkang kuwasa kasêbut raja

3. kasêbut kitha Pêguyangan, ingkang kuwasa kasêbut raja

4. kasêbut kitha Padhang Sambeyan, ingkang kuwasa kasêbut raja

5. kasêbut kitha Kêsiman, ingkang kuwasa kasêbut raja

Kula wontên kitha Badhung sipêng 2 dalu, enjing kula nyuwun pamit dhatêng Krêta Agung Kêthut Sawunggaling, sumêdya anglajêngakên lampah dhatêng kitha Gianyar, lampah kula saking Badhung ngalèr ngetan. Dumugi dhusun Batubulan ingkang kabawah kitha Gianyar, ing ngriku wontên bètèngipun. Sarta margi-margi dipun sangkrahi sap-sapan. Kula pitakèn bètèng wau kagunganipun raja Gianyar, kadamêl ngajêngakên mêngsah saking kitha Badhung, ugi ing môngsa-môngsa sami papêrangan. Ngantos kathah papêjah, wontên ngriku kula namung kèndêl sakêdhap. Lajêng têrus mangetan. Ing dintên Sênèn wanci jam 3 siyang kula dumugi kitha Bêbatu kabawah kitha Gianyar, dados kula saking Badhung botên sipêng ing margi.

--- 35 ---

5. Anyariyosakên kitha Gianyar, Anaming mawi Nyariyosakên ukumanipun Raja Bêbatu kang kabawah Gianyar

Kula wontên dhusun Bêbatu wanci jam 3, kula kèndêl wontên bale pasabunganing raja Bêbatu wau, ing ngriku kula sumêrêp 1 tiyang jalêr sukunipun kalih pindhah kabêlok. Sarta jangganipun dipun rante, kacancang klayan bêlokan. Kalêrêsan wontên tiyang mandar sampun gêgriya ngriku lami, kula pitakèn prakawisipun tiyang kang dipun bêlok wau, cariyosipun, tiyang climud, sampun kêrêp sangêt konangan mandung tanêman kagunganing raja, ingkang antuk pangapuntên kemawon sampun kaping 3, sarta tiyang mandar wau suka priksa dhatêng kula, yèn benjing-enjing pasakitan punika badhe kapatrapan ukum pêjah, kula sangêt bingah, amargi badhe sumêrêp patrapipun. Kula lajêng sipêng sakônca kula santri 4, wontên griyanipun tiyang mandar wau, sarêng

--- 36 ---

enjing wanci jam 9, kula lajêng dipun jak nonton, lumampah dhatêng bale pêsabungan. Botên dangu Raja, Krêta, Pambêkêl, lan Panyarikan, sami mêdal saking puri, kadhèrèkakên tiyang kathah, sumakta ing dêdamêl. Lajêng têrus sami tindak dhatêng sêma = utawi kuburan. Pasakitan ugi kabêkta tanpa dipun tangsuli, sarêng sampun dumugi ing sêma, krêta dhêdhawuh dhatêng pêngayah = utawi kuli, kapurih damêl luwangan mujur ngalèr ngetan kados adat. Sarêng rampung, pasakitan dipun ajêngakên sarêng-sarêng klayan semahipun ngêmban anak, dhatêng ngarsaning raja tumuntên krêta andhawuhakên putusing prakawisipun.

Ing ngriku kula sumêrêp gumun sangêt, ningali wujuding pasakitan kang badhe nampèni ukum. Pyambakipun mawi nginang mèngèr-mèngèr sarta mèsêm-mèsêm. Cahyanipun botên pucêt. Dipun tangisi semahipun kang ngêmban lare malah gumujêng-gumujêng, kula pitakèn, criyosipun sampun adat, supados sampun ngantos dipun wastani tiyang alit manah ajrih pêjah, lajêng pasakitan dipun sèndhèhakên ing kajêng, ugi tanpa dipun tangsuli,

--- 37 ---

tumuntên juru tuwêk = utawi tukang suduk majêng, ambêkta dhuwung ligan. Pasakitan tambah mèsêm-mèsêm, saha amawas-mawas pucuking dhuwung, lajêng juru tuwêk angêmèk dhadhaning pasakitan ingkang kiwa, tumuntên pucuk dhuwung katèmpèlakên ing dhadha sangandhap susu ingkang kiwa, pasakitan malah tumungkul ningali pucuking dhuwung kang tumèmpèl. Sasampuning pranah dhuwung lajêng dipun urêkakên dening juru tuwêk. Suwaranipun (krêk) lajêng dhuwung dipun sêndhal. Ing ngriku pasakitan masih mèsêm-mèsêm. Malah rah kang dlèdèg kadumuk ing driji, dipun tutul-tutulakên pilinganipun kiwa têngên, miwah ing bathukipun. Sarêng sampun tanganipun kalih pindhah dipun raupakên rah kang dlèdèg. Lajêng dipun borèhakên waradin ing rêraènipun piyambak. Ing ngriku kula ningali ngantos sêmêngêrên, sumêrêp solahing pasakitan. Sarta mirêng swara tangisipun ingkang èstri, sanalika ngriku kula kados supêna, ngantos watawis dangu pasakitan botên pêjah-pêjah. Lajêng raja dhêdhawuh kapurih nuwêk mawi waos. Ugi lajêng dipun laksanani, kawaos panggenan jôngga iring nginggil pundhak kang

--- 38 ---

têngên. Sarana waos ngadêk, lajêng pêjah, tumuntên bangke kalêbêtakên kluwat. Dipun urugi kados adatipun. Botên dangu lajêng bibar, sadaya tiyang ngriku sami gêtun ningali tekadipun.

Sarêng ing wanci jam 1 siyang kula anglajêngakên lampah mangetan. Sarêng wanci jam 3 kula dumugi kitha Gianyar, kula pitakèn griyaning juru basa, raja botên kagungan. Namung wontên 1 pambêkêl agêng, kasêbut nami juru Made Pasêk. Punika sagêd cara Mlajêng, tur ingkang kapitados jawi lêbêting karajan. Punapa malih pyambakipun sampun kajuwara, kang têbih-têbih saantero tanah Bali, mênggah kasêktènipun juru Made Pasêk, malah-malah mira ing pawartos, sagêd napak sagantên. Mila nagari Gianyar kala samantên dipun mêngsah raja 4, raja Badhung, Mênguwi, Bangli, lan raja Klungkung botên kawon-kawon. Amargi saking kaprawiranipun juru Made Pasêk wau, ngantos sabên tiyang kang têbih-têbih sumêrêp namanipun alit wasta pun Cedhok.

Punika kula lajêng dhatêng griyanipun. Kula sowan lênggah [lêng...]

--- 39 ---

[...gah] ngandhap. Juru Made Pasêk botên suka, kêdah kula kapurih lênggah tunggil sakasur, kula lajêng criyos manawi lampah kula dipun utus priyantun agêng ing tanah Jawi kapurih ngupados bathok mripat satunggal. Sarta kula badhe nuwun saos bêkti dhatêng raja Gusti, tumuntên kula kapurih ngaso rumiyin. Kapondhokakên griya adating tamu saha kula dipun sêgah klayan sae, sarêng kula sipêng 2 dalu wontên ngriku, enjing raja Gusti andhawuhakên. Kula klilan lumêbêt dhatêng puri ing wanci jam 10 siyang, kula dipun irid juru Made Pasêk, lumêbêt dhatêng puri, sarêng kula lumêbêt kori kaping 2 menggok mangetan, kula sumêrêp raja Gusti sampun pinanggih lênggah ing pandhapi jawi majêng mangilèn. SêsèdhènSêsèndhèn. saka ingkaingkang. lèr wetan. Sarta dipun apit-apit para laksmi kalih sisih, lênggahipun botên mawi lèmèk punapa-punapa, dèntên ingkang angsal lênggah jajar tunggil sak bêbatur pandhapi para sadhèrèk, tuwin para raja pandhita, sarêng kula katingal, lajêng dipun timbali majêng, kakrêsakakên lênggah bêbatur kang ngandhap, nunggil para pambêkêl agêng tuwin [tu...]

--- 40 ---

[...win] para brahmana, raja Gusti andangu kawilujêngan kula, kula botên ngrêtos. Lajêng juru Made Pasêk ingkang nêmbungakên mlajêng, tumuntên raja kathah-kathah pandangunipun, bab kawontênaning karaton nagari Surakarta lan nagari Ngayoyakarta, kula inggih ngaturakên punapa ingkang kula sumêrêpi kemawon.

Sarêng sampun rampung pandangunipun, kula kalilan mantuk dhatêng pondhokan, anaming raja kagungan piwêling, kula kapurih ngupadosakên sêrat KarnapurwaKarnaparwa. lan sêrat Dronapurwa.Dronaparwa.

Sarêng kula mêdal ningali purinipun raja wontên salèring pêkên majêng mangidul, sakwetan radinan kang mangalèr, dalêmipun majêng mangidul. Anamung alit sangêt.

Kitha Gianyar wau kalêbêt rame, Cina-cina kathah sami gêgriya sapinggir radinan. Punapa malih ing dhusun-dhusun Cina inggih kathah, pating slêmpit sami gêgriya, dèntên ing kampung-kampung salêbêt kitha griyanipun pipit. Mila nagari Gianyar punika sami-sami tanah Bali, kalêbêt agêng piyambak bawahipun. Kula pitakèn cacahing tiyang 50.000 jiwa tiyang kang kuwawi ing damêl [damê...]

--- 41 ---

[...l] kemawon. Mila namung samantên, amargi para raja kang alit-alit angladosakên tiyang namung sapalih, dèntên pambêkêl dhusun, ngladosakên tiyangipun dhatêng raja alit inggih namung sêpalih saking cacah, môngka kula tingali ing dhusun griyanipun pipit isi tiyang, ing wusana namung wontên itangipun samantên sangêt sakêdhikên. Sarêng para raja sapêngandhap sami ngêlong sêpalih-sêpalih inggih mèmpêr, tiyang bawah kitha Gianyar saubêngipun. Ing waktu kula wontên ngrika sangêt sami susah, amargi tiyang gêgramèn botên sagêd mêdal dhatêng nagari sanès. Awit rajanipun sawêk sami mamêngsahan lan para raja kanan kerinipun, kados ta: kang bang wetan mêngsahan lan raja Klungkung, kang lèr raja Bangli, kang kilèn raja Mênguwi, kidul kilèn raja Badhung, kang môngka tiyang Gianyar manawi langkung bawah ngriku saèstu dipun pêjahi tanpa landrat.

Wondèntên pasitinipun bawah kitha Gianyar warni-warni, wontên kang siti abrit, pêthak lan siti cêmêng, kawontênanipun tanêman pantun inggih sêdhêng, mênggah panarikipun paos sabin dhatêng tiyang alit warni pantun

--- 42 ---

amêndhêt para sadasa saking angsal-angsalanipun tiyang sasabin. Dèntên paos pak candu raja botên mundhut. Namung paos plabuhan, sampun katêbas dhatêng bandar Cina, ing dalêm sataun bayar paos 1400 bêku, kitha Gianyar punika botên gadhah bawah rêdi kang agêng, dèntên lèpènipun namung 2, lèpèn Sangsang lan lèpèn Dhanu. Wondèntên watêsipun kitha Gianyar wau, kang wetan lèpèn Yahbubuh, dados watês lan kitha Klungkung, kang lèr ardi Tampatsiring,Tampaksiring (dan di tempat lain). dados watês kitha Bangli, kilèn dhusun Batubulan, watês lan kitha Badhung, kang kidul sagantên kidul utawi plabuhan Lêbe.

Raja kitha Gianyar punika kasêbut nami raja Gusti Anake Agung Manggis. Ing ngriku ambawahakên raja 11 ingkang agêng-agêng, kados ing ngandhap punika,

1. kasêbut kitha Banjarangkan, ingkang kuwasa kasêbut raja

2. kasêbut kitha Tlikut ingkang kuwasa kasêbut raja

3. kasêbut kitha Playatan, ingkang kuwasa kasêbut raja

4. kasêbut kithaTêgalalang, ingkang kuwasa kasêbut raja

--- 43 ---

5. kasêbut kitha Payangan, ingkang kuwasa kasêbut raja

6. kasêbut kithaTampatsiring, ingkang kuwasa kasêbut raja

7. kasêbut kitha Siyangan, ingkang kuwasa kasêbut raja

8. kasêbut kitha, Sokawati ingkang kuwasa kasêbut raja

9. kasêbut kitha Bêbatu, ingkang kuwasa kasêbut raja

10. kasêbut kitha Nagara, ingkang kuwasa kasêbut raja

11. kasêbut kitha Abyanbasi, ingkang kuwasa kasêbut raja

Aliya saking punika masih kathah kitha kang alit-alit, ugi angsal sasêbutan raja, anaming botên kacriyos ing ngriki. Dèntên ingkang ngasta khukum kitha Gianyar punika: 1. Raja agêng, 2. Krêta agung, 3. Pambêkêl agêng, 4. Juru sastra = utawi carik, 5. Brahmana, kang atas agami.

Mênggah patraping paukuman botên sanès lan kitha Badhung, kaotipun namung manawi wontên durjana botên sagêd bayar tikêl tiga, punapa malih tiyang kang kenging dhêndha botên sagêd bayar, wau tiyang lajêng kabucal dhatêng kikis kang wiyar wananipun. Kapurih sêsabin dipun têdha piyambak. Manawi lami-lami sampun sagêd bayar saèstu kenging mantuk.

--- 44 ---

Wondèntên yatra dhêndha-dhêndha wau dipun para gangsal, ingkang 2 duman kapundhut dhatêng raja, ingkang 2 duman kagadhah dhatêng krêta agung sakancanipun para lid landrat, ingkang 1 duman kaparingakên tiyang kang gadhah dakwa. Mênggah paukumanipun prakawis kang alit, durjana dipun sapu sarana panjalin. Wangênipun ingkang ngantos lêmpe-lêmpe. Dèntên ingoning pasakitan raja ingkang pêparing.

Wontên kitha Gianyar kula nyuwun prêmisi ningali pêpundhènipun raja gusti ingkang wontên kitha lami, samangke kasêbut dhusun Pèjèng, pramisi kula wau raja inggih marêngi, sarta kula dipun kanthèni brahmana kêkalih, kakêrsakakên ngatêr kula saking kitha Gianyar mangilèn. Kula kintên têbihipun 5 pal. Ing ngriku pêpundhèn, kalêrês wontên salêbêtipun padewan. Ing jawi mawi dipun pagêr banon 2, panggenaning pêpundhèn mawi dipun cungkup. Bêbaturipun kapara inggil. Tur mawi undhak-undhakan. Wau pêpundhèn majêng mangidul. Dipun lurubi sinjang pêthak rangkêp-rangkêp. Lajêng brahmana nyêmbah kaping 7, nuntên minggah ing bêbatur, kula tumut minggah inggih nyêmbah kaping 7, sarêng dipun [dipu...]

--- 45 ---

[...n] bikak wau pêpundhèn, warninipun bundêr gèpèng, agêngipun sadhêpa midêr, ing wingking mawi pênthol panjang sarta bolong, saèmpêr rodha bêkakas gilingan. Anaming dhasaripun prunggu, dipun sêrat lung-lungan saklangkung lêmês. Saking pangintên kula tiyang bodho ningali alus-alusipun ing dhasar, kados dipun cithak. Dhasaripun prunggu saèmpêr tunggil jinis klayan yatra gobog. Ing ngriku wontên ingkang têngga 1 tiyang jalêr sampun sêpuh kasêbut raja pandhita, inggih punika ingkang sagêd gancarakên.

Saking cariyosipun raja pandhita, punika pêpundhèn kinanipun dhawahan saking langit. Pêparingipun Sang Hyang Siwah Buja, ingkang dipun paringi kasêbut Sang Hyang Panik Gumawang, inggih punika putranipun Sang Hyang Pasopati ing rêdi Mahmeru tanah Jawi, mila pêpundhèn wau kasêbut Bulan, amargi dhawahipun saking langit. Sarta panjang cariyosipun ingkang sampun kasêbut wontên rontaling raja pandhita.

Sasampuning têrang anggèn kula aningali kula lajêng mantuk. Ugi sarêng-sarêng klayan brahmana kang ngatêrakên kula [ku...]

--- 46 ---

[...la] wau, wangsul dhatêng kitha Gianyar, kula sipêng wontên kitha ngriku 4 dalu, sarêng malêm Sêtu kula wêling atur nyuwun pamit, yèn ing dintên sêtu enjing kula badhe têrus. Anglajêngakên lampah dhatêng kitha Klungkung, ing dalu ngriku juru Made Pasêk suka èngêt dhatêng kula kathah-kathah, sabarang adatipun kitha Klungkung, sarta êsih asring sangêt anggènipun damêl rêrêsah dhatêng kawulanipun piyambag. Punapa malih kula dipun criyosi kapurih mêdal radinan alit kemawon. Botên suka mêdal radinan ing Banjarangkan. Amargi punika panggenan ajang pêrang ing Gianyar lan Klungkung. Sarêng ing dintên Sêtu wanci jam 10, kula mangkat saking kitha Gianyar mangidul. Dumugi plabuhan Lêbe kula menggok mangetan nurut pasisir, lajêng menggok mangalèr dumugi bawah kitha Klungkung, sarêng wanci jam 5 kula dumugi ngriku, dados saking Gianyar kula botên sipêng ing margi.

--- 47 ---

6. Nyariyosakên Kitha Klungkung

Wontên kitha Klungkung kula jujug plataraning raja ingkang jawi piyambak. Kalêrêsan sadhèrèking raja ingkang tunggil bapa pinuju lênggah wontên ngriku, kula lajêng sowan, kula lajêng sowan gadhah atur, pyambakipun botên mangêrtos. Tumuntên utusan nimbali juru basa, kang kasêbut nami Dewa Made Pangi, sarta ingkang sampun nate kautus sowan dhatêng nagari Batawi, kula lajêng criyos, yèn lampah kula dipun utus priyantun agêng ing tanah Jawi, ugi lajêng dipun aturakên dhatêng raja agêng, kula kapurih ngaso wontên bale pagajahan, plataran kang lêbêt. Sarêng wanci jam 7 dalu, ingkang rayi raja tunggil bapa ibu, kasêbut nami Gustine Agung Made Rai mêdal saking kadhaton. Kula kairit dhatêng dalêmipun. Ugi sakônca kula santri 4, sarêng kula sampun sami lumêbêt ing kontên, lajêng kori dipun tutup. Kajagi ing tiyang sumêkta ing dêdamêl. Tumuntên dhuwung kula sêdaya kapundhut. Lajêng [La...]

--- 48 ---

[...jêng] kula katimbalan majêng, dipun dangu cara papriksa pasakitan. Kula inggih angaturakên cocogipun lan sêrat kula kemawon. Anaming botên kapitados. Kula kagalih tiyang bôngsa êncik. Sarta kalih têlik saking kitha Gianyar, kula lajêng angaturakên layang katêmênan. Dangu-dangu karêmbag para rat inggih lajêng pitados. Dhuwung kula sami kaparingakên wangsul. Tumuntên kula kakêrsakakên mondhok wontên kampung Lêbak, panggenanipun tiyang Bali ingkang sampun manjing agami Islam. Sarêng enjing kula wêling atur nuwun saos bêkti dhatêng raja agêng, timbalanipun botên kenging.

Raja Klungkung punika sasêbutanipun raja Gusti Cakurdha Dewa Agung Putra, inggih punika raja ingkang agêng piyambak sak antero pulo Bali, mila ing môngsa-môngsa sawarnining para raja-raja tanah Bali sadaya sabên taun sami saos bêkti, amargi kitha Klungkung punika kacariyos sêpuh piyambak. Têturunan saking Maospait tanah Jawi, cariyosipun para brahmana ngriku makatên. Prabu Ayamwuruk, ratu ing

--- 49 ---

Maospait punika putranipun 4, kakung 3, putri 1, ingkang pamade = utawi pandhadha tumêngkar dhatêng pulo Bali, lajêng jumênêng ratu kasêbut nami Prabu Samplangan, inggih punika ingkang miwiti tanah Bali wontên panjênêngan ratu, lajêng anurunakên para raja ing tanah Bali sadaya, anaming ingkang sêpuh piyambak kitha Klungkung wau, punapa malih sawarnining pusaka-pusaka ing jaman kina babêktan saking Maospait: paos dhuwung miwah wadhah gantèn kêncana inggih wontên ngriku.

Wondèntên dalêming raja majêng mangilèn, kasêbut kadhaton. Saking plataran lumêbêtipun dhatêng kadhaton mawi kontên 3, ing sabên kontên saking jawi lumêbêt mawi undhak-undhakan tumêdhak. Lajêng menggok mangetan dumugi dalêming raja majêng mangilèn. Wau kontên ingkang jawi piyambak banonipun saklangkung inggil. Saantero tanah Bali botên wontên ingkang nyamèni, punika kontên kasêbut lawang agung, gledheganipun wontên êlèr, purinipun mujur mangidul. Tur inggih agêng sarta wiyar, anaming pagêripun banon awon sangêt, ugi siti kemawon

--- 50 ---

tur tanpa payon. Malah dipun tingali saking radinan pagêripun banon botên katingal. Amargi ing jawi banon sami dipun griyani para punggawa tuwin tiyang kathah.

Kitha Klungkung punika sangêt wêritipun. Ing margi-margi tiyang jalêr botên kenging slanggapan ujar lan tiyang èstri, ing pêkên-pêkên botên kenging tiyang jalêr lumêbêt tuwin têtumbas dhatêng panggenanipun tiyang èstri, mila pêkênipun ngagengangge. dipun watêsi, sarta kajagi ing tiyang, ajêg salaminipun. Wondèntên pasitènipun kalêbêt awon. Têtanêman kathah kang kêra-kêra, tur papanipun miring-miring, môngsa rêndhêng jêblok sangêt. Dèntên bawahipun sangêt ciyut. Sami-sami para raja ing tanah ngriku ciyut piyambak. Namung isi tiyang 15.000 ingkang kuwawa ing damêl. Mênggah panariking paos sabin warni uwos, ing sabên mêntas panèn sabin. Ugi angetang saking tiyang kang baku sabin kemawon. 1 tiyang 1 pondhong = utawi wawrat 160 kati, dèntên paos plabuhan tuwin paos pak wade candu sampun katêbas dhatêng bandar Cina, ing dalêm sawulan 500 bêku, paos mêdalipun pulo Nusa ing dalêm sawulan [sawu...]

--- 51 ---

[...lan] 200 ringgit. Amargi pulo Nusa wau mêdal sarang burungipun. MêgahMênggah. watêsipun bawah ngriku kawetan lèpèn Yaundha, dados watês lan kitha Karangasêm. Ingkang lèr dhusun Magêlan, dados watês lan kitha Bangli. Ingkang kilèn lèpèn Yahbubuh dados watês lan kitha Gianyar, watês kang kidul sagantên kidul utawi plabuhan Kêsamba.

Kitha Klungkung punika namung ambawahakên kitha 4 tur alit-alit, kados ing ngandhap punika,

1. kasêbut kitha Kasatrayan, ingkang nyêpêng kasêbut raja

2. kasêbut kitha Kanginan ingkang nyêpêng kasêbut raja

3. kasêbut kitha Sulang, ingkang nyêpêng kasêbut raja

4. kasêbut kitha Kêsamba, ingkang nyêpêng kasêbut raja

Liya punika pulo Nusa satêngahing sagantên, Klungkung isi tiyang 4000 jiwa, anaming tiyang bucalan sangking Klungkung, ugi sampun wontên pambêkêlipun agêng. Kitha ngriku sampun kathah kang sami lumêbêt agami Islam. Ing dhusun Gèlgèl wontên tiyang 80, salêbêt kitha [ki...]

--- 52 ---

[...tha] wontên tiyang 30, malah satunggal kalih sampun wontên tiyang kang sampun khaji saking Mêkah, mênggah Islamipun wau saking pagèndèng-gèndèngipunpanggèndèng-gèndèngipun. tiyang bôngsa Ngarab, kang sami gêgramèn wontên ngriku.

Kula wontên Klungkung 2 dalu, kula dipun timbali dhatêng ingkang rayi raja agêng, kula dipun takèni isaka Jawi, kala kula wontên Klungkung marêngi wulan Dulkangidah taun Dal ôngka 1799 isaka Jawi. Lajêng dipun sêrati, sarta andangu malih kathah-kathah, wiwitipun wontên sastra Jawi tuwin isaka Jawi, kula inggih lajêng ngaturakên punapa saksumêrêp kula, kang mungêl wontên ing sêrat babad nagari Mêdhangkamulan saurutipun. Kula lajêng nyuwun priksa dhatêng brahmana bab isaka Bali, kala isaka Jawi ôngka 1799, isaka Bali ôngka 1793, cariyosipun amêndhêt saking sasêratan sela kang wontên salêbêting pura Padewan rêdi Agung, ingkang samangke dados papundhèn. Dèntên ingkang miwiti anganggit sastra Bali punika cariyosipun inggih brahmana saking tanah Jawi, wontên Bali anjujug ing rêdi Agung, kasêbut nami Sang Hyang Eka Jayasari,

--- 53 ---

ugi kathah-kathah cariyos ingkang kasêbut ing rontalipun. Tumuntên kula kadangu lampahing pawukon. Tiyang Bali kasêbut paokun. Kula lajêng andêdahakên sêrat pananggalan. Inggih cocog kemawon lan pawukon Bali, namung môngsa sulaya sangêt. Tiyang Bali satunggil-tunggiling môngsa sami ajêg ngumur 30 dintên. Ing dalêm satiban = utawi sataun ngumur 360 dintên. Sarêng kula dêdahi lampahing môngsa kang lêrês, ingkang sampun kapacak ing sêrat almanak, para brahmana botên narimah, kula inggih lajêng kèndêl. Sarêng sampun rampung pandangunipun, kula lajêng kalilan wangsul dhatêng pondhokan malih.

Kitha Klungkung punika ingkang kawasa ngasta khukum priyantun 6, 1. Raja Gusti Dewa Agung, 2. Sadhèrèking raja, 3. Pandhita, 4. Krêta Agung, 5. Pambêkêl agêng, 6. Panyarikan. Wondèntên patraping khukum dhatêng tiyang durjana ingkang rêraja pêjah, botên sanès kaliyan kitha Gianyar. Naming ukumipun tiyang durjana mêmandung botên ajêg. Ingkang kathah sami kabucal dhatêng pulo Nusa, ingkang sampun kula criyosakên wau, mênggah wangênipun, [wa...]

--- 54 ---

[...ngênipun,] wontên kang salami gêsang, wontên kang mawi wangên. Lan sawênèh malih wontên kang dipun dhêndha, arta kaparingakên sadaya dhatêng tiyang kang gadhah dakwa. Dene yèn wontên tiyang kadakwa rêmênan, saèstu jalêripun kaukum pêjah, èstrinipun kabucal dhatêng nusa 1 taun. Anaming angsalipun mêjahi dhatêng tiyangipun jalêr kang kadakwa rêmênan wau, pêjahipun trakadhang dipun colong kemawon. Ing wanci dalu raja utusan juru tuwêk, kapurih ngupadosi tiyang jalêr ingkang sampun dipun dakwa, ing pundi gènipun kapanggih saèstu pêjah.

Wondèntên manawi prakawis alit, ukumipun karante tanganipun kalih pindhah, dipun rangkulakên ing kajêng agêng, kang wontên satêngahing pêkên. Wangênipun sadintên sadalu, trakadhang mawi dipun bruki sêmut rangrang, wontên kang dipun wudani kangtongtonkatonton. ing kathah, wontên kang dipun tabuhi mubêng-mubêng ing pêkên-pêkên. Lan wontên kang dipun sapu, walak-walak awrat ènthènging prakawisipun. Wontên ngriku kula inggih sumêrêp, raja matrapi ukum pêjah dhatêng 1 tiyang èstri, prakawisipun kadakwa ngingah leak utawi setan.

--- 55 ---

Sampun adamêl pêjahing lare èstri, anaking têtangganipun, ingkang sawêk lare ngumur 2 taun. Cariyosipun, kala tiyang èstri wau dèrèng mriku, lare saras. Sarêng tiyang èstri punika sanja mriku, lare lajêng macicil mripatipun. Dumugi sadintên sadalu lare ngajal. Sliranipun sakojur gosong, punika tandhanipun yèn tiyang èstri wau ngingah leak. Sarta malih kathah saksi-saksi kang sumêrêp, yèn tiyang èstri wau sanja mriku, sadaya kang nêksèni sampun sami sumpah, wau tiyang èstri mila sampun lami dados kabar yèn ngingah leak. Tumuntên tiyang kacêpêng, dipun priksa mungkir, dangu-dangu kêni, punika ingkang kapatrapan ukum pêjah, ugi dipun tuwêk sarana dhuwung, patrapipun botên sanès kados patraping ukum raja kitha Bêbatu bawah Gianyar, ingkang sampun kula criyosakên ngajêng, kula wontên ngriku sipêng 5 dalu, sarêng ing dintên Rêbo enjing kula lajêng nuwun pamit, badhe anglajêngakên lampah dhatêng kitha Karangasêm. Amargi dèrèng pikantuk, anggèn kula nglampahi kautus. Samantên raja marêngi, kula kaparingan sangu arta

--- 56 ---

1 bêku, sarta dipun têrakên tiyang 2, tur pambêkêl dhusun. Angkat kula saking kitha Klungkung wanci jam 7 enjing, têrus mangetan nyabrang lèpèn Yahundha, sarêng wanci jam 6 sontên kula dumugi kitha Karangasêm. Mila ngantos lat, sabab marginipun langkung rumpil sangêt. Tur sela-sela kathah sangêt. Wontên ing Karangasêm, kula jujug kampung Bangrus. Panggenanipun tiyang Islam, dados kula saking Klungkung botên sipêng ing margi.

7. Nyariyosakên Kitha Karangasêm

Kitha Karangasêm punika tanah Bali ingkang wetan piyambak. Kalêrês wontên sukunipun rêdi Agung ingkang kidul. Mila kitha wau sangêt parêdèn. Ugi dipun apit-apit rêdi, kados ta: kang wetan rêdi Srasa, kang lèr rêdi Agung wau, kang kilèn rêdi Tênganan.

Kitha ngriku punika rajanipun 3 tunggil sadhèrèk jalêr, dèntên ingkang ngênggèni puri agêng, sadhèrèk ingkang sêpuh piyambak, kasêbut nami raja Gusti Gêdhe

--- 57 ---

Oka, dèntên panyêpênging bawah botên kabage, tansah sami mrentahi kemawon. Mênggah wulu wêdaling nagari inggih kapara tiga, wondèntên dalêming raja majêng mangidul. Wontên salèr radinan kang mangetan. Wontên sawetan radinan kang mangalèr, purinipun mujur ngalèr, banonipun sae, anaming alit sangêt. Kula wontên ngriku botên ngakên utusan. Amargi mirêng pawartos, yèn raja ngriku botên patos gupuh yèn wontên utusan. Sampun ingkang utusaning priyantun Jawi, utusanipun Tuwan Residhèn Banyuwangi raja botên patos praduli, punapa malih kula ajrih ing pawayangan. Yèn raja ngriku sangêt anggènipun damêl sawênang-wênang dhatêng rencangipun piyambak. Sanadyan tiyang bôngsa sanès, kados ta tiyang Cina, tiyang mandar sêsamènipun. Yèn minggah kalêpatan wontên ngriku, ukumipun langkung awrat saking tiyang siti.

Pasitèn bawah Karangasêm saanteronipun kalêbêt loh sangêt. Tiyang panèn lumintu kemawon botên wontên latipun. Saèmpêr tanah Kêdhu, awit lèpènipun kang alit-alit pating srèwèh,

--- 58 ---

tur ngriku kalêbêt panggenan asrêp. Mila têtanêman saklangkung sae, mênggah panariking paos sabin dhatêng tiyang alit botên sanès kadi dening kitha Klungkung.

Dèntên watêsipun bawah kitha Karangasêm, kang wetan sagantên wetan, nêkuk ngalèr lajêng ngilèn urut pasisir ngantos dumugi rêdi Êngis, watês lan bawah kitha Bulèlèng, ingkang kilèn lèpèn Yahundha, dados watês lan kitha Klungkung, kang kidul ugi sagantên kidul, utawi plabuhan Culipadhang, lan plabuhan Tyanyar, wondèntên etangipun tiyang ingkang jêjêr pangayah = utawi kuli, bawah kitha Karangasêm 30.000 iji, anaming etang samantên wau mêndhêt saking cacah jaman kina kemawon. Suda tuwin tambah raja botên sumêrêp. Ing ngriku sampun wontên tiyang Islam. Ingkang kawastanan kampung Bangras. Anaming Islamipun sampun kina kumina, punapa malih sêmbahyangipun nangmungnamung. 3 waktu, ing waktu magrib, ngisa, lan waktu subuh, luhur tuwin ngasar botên nate sambahyang.

Ing ngriku kitha Karangasêm botên gadhah bawah ingkang kasêbut raja, kajawi namung pambêkêl agêng kemawon,

--- 59 ---

anaming pangwasanipun para pambêkêl agêng wau mèh sakèmpêr kuwasaning raja, kenging ngukum tiyang durjana, dèntên dhusunipun ing ngandhap punika,

1. Dhusun Bubug

2. Dhusun Babi

3. Dhusun Pasarèn

4. Dhusun Kubu.

Liya saking punika kathah para pambêkêl agêng kang botên kacriyos ing ngriki. Wondèntên ingkang kuwasa ngasta ukum kitha Karangasêm wau 7 iji, 3 raja, 1 brahmana, 1 krêta agung, 1 pambêkêl agêng, 1 panyarikan.

Wondèntên patraping paukuman dhatêng sawarnining tiyang kang nêrak parentah saklangkung awrat sangêt.

Tiyang mêmandung ingkang kacêpêng, kathah kang sami dipun ukum pêjah, trakadhang prakawis kabar kemawon inggih ukum pêjah, mêmandung siyang miwah dalu ukumipun sami kemawon. Tiyang jina ugi ukum pêjah, malah angsalipun mêjahi asring dipun kêthok-kêthok saking suku dumugining jôngga, dèntên tiyang sêlang sambêt, miwah wontên [wo...]

--- 60 ---

[...ntên] prakawis kang alit-alit ukumipun botên sanès lan kitha Klungkung.

Kula wontên kitha Karangasêm ngantos 8 dintên. Amargi kula midhangêt wartos, yèn panjênênganipun raja badhe matrapi ukum pêjah tiyang 2, jalêr èstri tur sadhèrèkipun cêr tunggil bapa biyung, prakawisipun kadakwa rêmênan lan sadhèrèkipun wau, sarêng prakawis sampun putus, pasakitan sipêng sadalu wontên bêlokan. Enjing wanci jam 10 kabêkta dhatêng sagantên. Ingkang ngirid krêta agung lan para pambêkêl, miwah tiyang sawatawis sami sumêkta ing dêdamêl. Kula tumut ningali saking katêbihan. Sarêng sampun dumugi pinggir sagantên, wau pasakitan kalih lajêng dipun tangsuli dados satunggal. Ing suku dipun baluhi sela agêng, lajêng kabêkta nêngah sarana baita jukung, sarêng watawis sak pal têbihipun saking kisik,gisik. pasakitan kacêmplungakên sarêng.

Marêngi dintên KêmisSêlasa.

tanggal kaping 7 wulan Marêt masih taun 1871 wanci jam 7 enjing, kula mangkat saking kitha Karangasêm, sumêdya badhe dhatêng kitha Bangli,

--- 61 ---

lampah kula saking Karangasêm mangalèr mêdal sukunipun rêdi Agung ingkang kidul. Marginipun sangsaya sangêt rumpil tur wana agêng, wontên margi kula mampir ningali pêpundhènipun para raja-raja ing tanah Bali sadaya, inggih punika ing dhusun BêkasihBêsakih. bawah kitha Karangasêm. Wontên sukunipun rêdi Agung, dados rêdi Agung punika sadaya bawah kitha Karangasêm, sarêng kula ngaso wontên ngriku, kula pitakèn. Sanggar padewaning para raja ugi dipun dêdahakên. Sarêng kula tingali mila inggih sae majêng mangidul. Pagêripun banon sela sêdaya, ing lêbêt banon rêca-rêca damêlan kina inggih kathah, dèntên ingkang dipun pundhi-pundhi 1 sela dipun sêrat sastra Buda wontên bang wetan majêng mangilèn, sarêng kula nyalêk,nyêlak. ingkang jagi ngriku botên suka, dados namung kula tingali saking katêbihan kemawon.

Wontên ngriku kula botên dangu, sumêdya nglajêngakên lampah mangilèn ragi ngidul. Ugi sarêng lan kônca kula santri 4 botên kantun-kantun. Kula minglangkungi bawah Klungkung malih ingkang bang lèr, sipêng wontên margi sêdalu, enjing [e...]

--- 62 ---

[...njing] wanci jam 11 dintên JumungahRêbo. kula dumugi kitha Bangli, dados lampah kula saking kitha Karangasêm dumuginipun kitha Bangli namung kula sipêngi sadalu mrêgi.

8. Nyariyosakên Kitha Bangli

Kitha Bangli punika ingkang dipun ênggèni dhusunipun agêng sangêt. Rajanipun ingkang agêng 1 kasêbut nami Raja Gusti Dewa Gêdhe Tangkêban. Dalêmipun majêng mangidul. Gledhegan wontên wetan tuwin kidul, angajêngakên radinan kang mangilèn, ngiwakakên radinan kang mangalèr, purinipun mujur mangalèr, kula jangkahi klayan lumampah 350 jangkah, pangilènipun 210 jangkah, radinanipun salêbêting kitha awit kidul dumugi wêkas lèr saklangkung wiyar, sarta inggih kalêbêt sae, sapinggir radinan kathah gardhunipun. Ing wanci dalu kajagi ing tiyang, kula wontên ngriku badhe sowan dhatêng raja Gusti pinuju sêpên, kalêrês sawêg tindakan bêbujung dhatêng kitha Pênidha, kula sowan dhatêng krêta agung sêpên, kula lajêng sipêng wontên patikèn. Dados sumêrêp kula sabarang aturanipun [a...]

--- 63 ---

[...turanipun] lithakitha. Bangli wau namung takèn-takèn kemawon dhatêng para idha kang sami nyêrèt wontên ngêpakan.

Kitha Bangli bawahipun parêdèn, tur saklangkung wiyar anaming rêdinipun alit-alit. Ingkang agêng namung rêdi satunggal bang lèr, kasêbut rêdi Batur. Dèntên pasitènipun bawah ngriku ugi wiyar, anamung saklangkung cêngkar sangêt. Kathah sabin-sabin ingkang botên angsal toyan ilèn. Amargi bawah ngriku botên gadhah lèpèn kang agêng, wontên satunggal kalih, anaming jurangipun saklangkung lêbêt. Tur toyanipun alit. Tiyang kang bawah ler-leran, pangupajiwanipun sami gagi, naming wêdalipun pantun sangêt asor.

Mênggah panariking paos siti, raja dhatêng tiyang alit, 1 tiyang kenging 1 bêku = utawi 1000 gobog ing dalêm sataun. Sawarnining tiyang parêdèn botên kenging paos. Namung manawi wontên damêl agêng utawi pêrang, tiyang parêdèn ingkang dados prajurit. Mênggah paos pak wade candu, raja ugi narik. Ing dalêm 1 pak, katarik 2 atak = utawi 400 gobog ing dalêm sawulan. Kula pitakèn kawontênanipun [ka...]

--- 64 ---

[...wontênanipun] jiwa tiyang tanah ngriku, botên sagêd têrang, wontên ingkang criyos botên mèmpêr sangêt.

Wondèntên watêsipun bawah kitha Bangli wau, kang wetan têpang klayan bawah kitha Karangasêm. Kang lèr rêdi Ngis. Dados watês lan kitha Bulèlèng tuwin kitha Karangasêm. Ingkang kilèn rêdi Sênggayang, watês lan kitha Tabanan. Kang kidul dhusun Catur watês lan kitha Mênguwi, têrus mangetan dumugi ardi Tampatsiring watês lan kitha Gianyar, watês lan kitha Klungkung dhusun Magêlan.

Raja kitha Bangli punika angêrèhakên raja 7 kados ing ngandhap punika,

1. Kasêbut kitha Pênidha, ingkang kuwasa kasêbut raja

2. Kasêbut kitha Susut, ingkang kuwasa kasêbut raja

3. Kasêbut kitha Bunuhan, ingkang kuwasa kasêbut raja

4. Kasêbut kitha Sidhumbulih, ingkang kuwasa kasêbut raja

5. Kasêbut kitha Bukit, ingkang kuwasa kasêbut raja

6. Kasêbut kitha Bangbang, ingkang kuwasa kasêbut raja

7. Kasêbut kitha Kalibi, ingkang kuwasa kasêbut raja.

Liya saking nginggil wau, ugi masih kathah kitha kang alit-alit, ingkang angsal sasêbutan raja.

--- 65 ---

Wondèntên ingkang ngasta khukum kitha Bangli wau priyantun 5, 1. Raja Agêng, 2. Pandhita, 3. Krêta agung, 4. Pambêkêl Agêng, 5. Juru Sastra. Mênggah patraping paukuman botên sanès lan kitha Tabanan.

Kula wontên kitha Bangli namung sipêng 2 dalu, ing dintên Ngakhad wanci jam 7 enjing kula mangkat mangalèr, sumêdya badhe dhatêng kitha Bulèlèng, wontên margi sipêng sadalu, wanci jam 11 kula dumugi rêdi Batur, punika masih bawah kitha Bangli, wau rêdi Batur wontên salèr kilènipun rêdi Agung, mila katingalipun andhap. Anaming ing pucak mêdal bramanipun kapara agêng, rintên dalu botên wontên kèndêlipun mungêl glêdhug glêgêr-glêgêr, saubêngipun rêdi Batur wau ngalèn wiyar tur bundêr têpung gêlang saubênging rêdi, ingkang kidul wetan wontên tlaganipun, gubêd nênêkuk ngalèr ngilèn, botên wontên bêdhahanipun. Punika kasêbut dhanudhano = danau. Batur, sadaya punika masih kabawah kitha Bangli, wontên ngriku saklangkung awis toya, kula sipêng badhe ngliwêt, toya mawi tumbas. Lampah kula lajêng ngalèr ngilèn. Ing margi-margi tanah ngriku kula kêrêp kapêthuk tiyang jalêr èstri gulunipun [gulu...]

--- 66 ---

[...nipun] sami gondhok. Sapangilèn pindhah dumugi parêdèn bawah kitha Bulèlèng, sangsaya kathah tiyang gondhok. Kula sipêng malih kalih dalu, sarêng ing dintên Rêbo wanci jam 12 siyang tanggal kaping 14 wulan Marêt 1871 kula dumugi kitha Bulèlèng, jujug kampung Pabeyan salèr kitha pinggir laut griyaning Puadhuk = utawi kêpala kampung Islam tiyang Mandar, dados lampah kula saking kitha Bangli dumuginipun kitha Bulèlèng kula sipêngi 3 dalu mêrgi.

9. Nyariyosakên Kitha Bulèlèng

Kitha Bulèlèng punika tanah Bali ingkang pinggir pasisir lèr piyambak. Botên wontên jajaripun kitha malih-malih, ing sapunika sampun kaasta Kangjêng Gupêrnêmèn. Sarta sampun katanêman priyantun Walandi pangkat Asitèn Risidhèn. Tuwin sampun wontên jaksanipun. Dèntên rajanipun 1 kasêbut raja Gusti Ngurah Kthut Jlanthik. Dalêmipun majêng mangalèr, tur sampun sae [sa...]

--- 67 ---

[...e] sangêt, payon gêndhèng pagêr banon labur, purinipun mujur mangidul. Kula jangkahi klayan lumampah pangidulipun 400 jangkah, pangilènipun 260 jangkah, pagêripun banon, andhap tur awon sangêt. Anaming pandhapining raja sampun sae sangêt. Kula tandhing klayan para raja ingkang dèrèng kabawah ing Gupêrnêmèn. Dèntên ngasistenan saking karajan mangilèn. Dalêmipun sampun sae, ugi majêng mangalèr, ing ngriku kasêbut kampung Singaraja. Ing kampung Pabeyan sapinggir plabuwan wau wontên pêkênipun agêng tiyang wêwadeyan barang sabrang kalêbêt kathah, punapa malih Cina-cina kang sami gêgriya pinggir pêkên inggih kathah, tur sami griya gêdhong, malah sampun wontên kapitanipun Cina.

Ajawi punika tiyang Arab tiyang Mandar kathah kang sami griya gêdhong awit cêkap pangupajiwanipun. Kula sipêng sadalu wontên kampung Pabeyan. Enjing kula dhatêng Singaraja, manggihi dhatêng Mas Harjasêmita, jaksa Bulèlèng, sarêng kula pinanggih kula nêdha priksa barang aturanipun kitha Bulèlèng, ugi sagêd têrang sêdaya klayan salêrêsipun.

--- 68 ---

Mênggah kawontênanipun cacah jiwa tiyang bawah kitha Bulèlèng punika 200.000 jiwa, mila kapanggih samantên, angetang ngangge aturan Gupêrnêmèn. Wondèntên panariking paos raja dhatêng tiyang alit ugi angetang saking bibit. Ingkang saupami sabin winihan 1 ênah = utawi wawrat 32 katos, katarik paos 5 timbang = utawi wawrat 160 katos. Sarta mawi arta 100 gobog. Mila paos ingkang sampun kapêngkêr raja anampèni 16.000 dhacin. Dèntên paos pak candu sawulan mêdal 4.000 ringgit. Paos jagal maesa lêmbu ing dalêm sataun 1.000 ringgit. Mênggah sawarnining paos-paos ing nginggil wau sadaya dados kagunganing raja, Gupêrnêmèn botên nampèni, namung ing sabên wulan raja angaturi 1000 ringgit dhatêng Gupêrnêmèn. Dèntên paos ingkang sampun katampèn dhatêng Gupêrnêmèn namung paos plabuhan lan paos baita kemawon.

Pasitèn bawah kitha Bulèlèng punika ingkang loh langkung saking loh, ingkang cêngkar langkung saking cêngkar, dhusun-dhusunipun ingkang sae namung nglèthèng urut pasisir, ingkang

--- 69 ---

bang kidul wana agêng, sarta inggih dhusunipun awis-awis. Pating slêmpit wontên ing wana-wana, miwah ing rêdi-rêdi. Wondèntên watêsipun bawah ngriku, kang wetan ardi Ngis. Watêsipun kitha Bulèlèng Karangasêm, lan kitha Bangli. Ingkang kidul wetan rêdi Baturiti, trus minggah dumugining rêdi Batukao watês lan kitha Tabanan. Lajêng minggok mangilèn dhatêng rêdi Kuthul. Trus mangilèn pindhah dhatêng rêdi malang dungkap sagantên kilèn, watês lan kitha Jamburana, watês kang lèr sagantên, utawi plabuhan Têmukus lan Bulèlèng.

Kitha Bulèlèng wau namung ambawahakên raja 1 kasêbut kitha Banjar, anaming rajanipun sampun kabucal saking ngriku, samangke katanêman pambêkêl agêng kemawon. Dèntên sabarang paukumanipun kitha ngriku sampun anglampahakên ukum Guphêrnêmèn.

Kula wontên kitha Bulèlèng namung 5 dintên. Sarêng ing dintên Sênèn kaping 19 Marêt 1871, wanci jam 7 enjing kula mangkat mantuk, ugi sakônca kula santri 4 sami nyewa jukung saking plabuhan Têmukus. Sipêng sêdalu wontên nglaut. Dintên Slasa wanci jam 4 siyang dumugi [du...]

--- 70 ---

[...mugi] ing Banyuwangi, embalanipun 1 tiyang saringgit. Kula lajêng mantuk dhatêng kitha Malang malih.

10. Mangsuli Cariyos, Anyariyosakên Adat, Agami, Sêsandhangan, Tatêdhan, lan Kalakuwanipun Sadaya Warni-warni.

Kula ingkang sampun sumêrêp sawarnining kitha-kitha ing tanah Bali saurutipun. Awit saking kitha Jamburana dumugining kitha Bulèlèng, wontên ing margi-margi tuwin wontên pondhokan. Botên sah-sah anggèn kula nênitèni miwah takèn-takèn. Ing kalakuwanipun para priyantun agêng alit, saha ing dhusun-dhusun. Sadaya sak sumêrêp kula, kula sêrati supados andadosakên lêpasing èngêtan. Dhatêng sawarnining lare-lare kang maguru ing sastra, dados anyumêrêpakên awon saèning kalakuan. Kados ingkang kula criyosakên ing ngandhap punika.

--- 71 ---

1. Bab Agami Bali

Tiyang Bali punika agaminipun masih Buda utawi agami kina, ngantos dumugi jaman samangke dèrèng santun-santun. Dèntên manawi sambahyang sabên dintên pêkênan Kliwon. Trakadhang inggih wontên kang sabên dintên. Sami mêdal saking salêbêting griya, mila sawarnining griya-griya ing kêbon wontên gubugipun alit-alit kados bêgupon dara, ing dalêm 1 griya gadhah 2, agêng ngantos 5, 6, punika kasêbut sanggar, dalasan para priyantunipun agêng inggih sami-sami gadhah, botên angêmungakên wontên pura padewan kemawon. Sambahyangipun majêng mangetan. Sasampuning maos mantra tumuntên majêng manginggil nyêmbah kaping 3, ingkang dipun sêmbah Sang Hyang Siwah Buja = utawi Bathara Guru, ing sabên tiyang makatên. Botên wontên tiyang kang botên sambahyang, dèntên sanggaripun tiyang kathah kasêbut pura Padewan = utawi masjid. Punika panggenan pakumpulan. Yèn marêngi dintên wuku Galungan, [Galu...]

--- 72 ---

[...ngan,] dhawahipun sataun kaping 2, ing ngriku sadaya tiyang sami bantênan = utawi sidêkah sêkul ulam, dhêdhaharan warni-warni sami dipun tumpuk wontên ing Bale Agung = utawi srambi, wondèntên tiyang èstri-èstri ugi sami sambahyang, naming wontên pura padewanipun piyambak. Mantrinipun botên sanès kados tiyang jalêr, anaming kang dipun sêmbah kasêbut Bathari Durga. Dèntên sawarnining dhahar-dhaharan bantênan wau kathah sami katêdhakakên sagawon. Cariyosipun dados pratôndha eklasing sidêkahipun, sintên-sintêna kang nêdha botên sanès tiyang Bali punika manawi sêsemahan botên ngangge ningkah, dèntên paningkahipun sênêng kalih-kalihipun ing tunggil, jalêr dalah èstri manawi sampun dados bojo botên wontên caranipun tiyang papêgatan. Margi panganggêpipun dados bojo ing donya rawuh ngakherat. Tiyang Bali punika jalêr èstri sami tindhik kupingipun kiwa têngên. Manawi sampun didasadiwasa. inggih mawi pasah untu, botên wontên caranipun sunat. Amargi sampun kacariyos ing dalêm kitabipun.

--- 73 ---

Sumpah anah ngriku namung ngombe sarana toya nglantingan. Toyanipun trakadhang mêndhêt toya sumur padewan. Sawênèh mêndhêt ing lèpèn. Mênggah kêmandènipun kacariyos botên sanès pundi ingkang dora saèstu manggih cilaka.

Sawarnining têtiyang tanah Bali sadaya manawi ngajal layonipun dipun obong, mênggah pangobongipun botên sanès kadi dèntên badhenipun raja Tabanan. Ingkang sampun kula criyosakên ing kaca ôngka 24 dumugi kaca ôngka 31, anaming manawi tiyang alit inggih sakêdhik wragatipun, sarta badhenipun inggih alit.

Wondèntên manawi panjênênganipun raja kakung ingkang seda wragatipun langkung saking kathah, amargi sawarnining sinjang-sinjang ingkang kadamêl bakakas sarwa sutra sadaya, kajêng-kajêng amben-ambenan mawi dipun cet miwah prada. Punapa malih manawi raja, garwa sêlir asring kathah kang tumut bela obong, patrapipun makatên. LêsabêtipunSalêbêtipun. badhe utawi bakakas dipun damêl, wau èstri ingkang badhe bela botên sah-sah, sadintên-dintênipun [sadintên-dintêni...]

--- 74 ---

[...pun] kawulang sawarnining mantra-mantra dhatêng raja pandhita, tuwin dipun cariyosi sabarang ungêlipun rontal-rontal agami kamuksan. Kacariyos, tiyang bela ing laki dintên kamuksan manggih sawarga agung, kang tanpa kintên-kintên, tur kêkêl salaminipun. Tur botên pisah klayan raja kang dipun belani. Dèntên lumêbêtipun obong makatên: wau èstri mangangge sandhangan kang sarwa sae, kang enggal-enggal lan kang suci-suci, manawi brama sampun mulad-mulad, èstri lajêng minggah dhatêng andha pring, ingkang inggilipun sami klayan Badhe, yèn sampun wontên nginggil mawi mlampah-mlampah sarta mèsêm-mèsêm. Tanganipun têngên nyêpêng jungkat, tangan kiwa nyêpêng pangilon alit. Lajêng jêjungkatan sarta angilo, nolèh aningali brama lajêng mèsêm. Amargi brama kang mulad-mulad wau katingalipun warni toya, saking dene agêng kantêpanipun. Sarta bingah ing manah katongton tiyang kathah, mila adamêl pratôndha eklasing pêjahipun. Sarêng dumugining mangsa, raja pandhita angabani kados adatipun. Èstri ingkang badhe bela, lajêng inggal-inggal [inggal-ing...]

--- 75 ---

[...gal] nyandhak paksi titiran = utawi prêkutut. Pangilonipun dipun sèlèhakên. Tumuntên raja pandhita angabani malih, lajêng enggal-enggal mandêng brama, botên antawis lajêng anjlog. Paksi titiran dipun culakên mabur, ing ngriku tiyang èstri sadhawa ing brama enggal-enggal dipun siram ing lisah klapa pintên-pintên wadhah, brama sangsaya mulad-mulad. Inggih punika tiyang èstri ingkang kasêbut sêtya masêtya, dèntên manawi kathah tunggilipun, tiyang èstri kang badhe sêtya, lêbêtipun ing brama gêgêntosan. Patrapipun botên sanès. Môngka manawi raja agêng ingkang seda, saèstu tiyang èstri kang masêtya kathah, alitipun 3 iji, agêng ngantos 15 iji, malah carakan = utawi punakawan, ugi wontên ingkang asring tumut sêtya-sumêtya.

Saking bab èstri kang sami sêtya wau kados makatêna, amargi sami bilih mirêngakên ungêling rontal agami kamuksan. Langkung agêng ganjaraning dewa dhatêng tiyang èstri kang sêtya, ingkang kaping kalih, ngraosakên susah, yèn randhaning raja botên kenging semah

--- 76 ---

salaminipun gêsang, sarta botên kenging kesah-kesah saking salêbêting puri. Kang môngka garwa sêliring para raja-raja ing tanah Bali punika kalêbêt kathah, ngantos 30 agêng 60 iji.

Wondèntên tiyang alit ing dhusun-dhusun sêsaminipun, inggih asring kathah èstrinipun sêtya dhatêng ingkang jalêr, patrapipun agêng alit botên sanès. Pramila tiyang tanah ngriku punika awis ingkang sugih, amargi tiyang ngobong ingkang miskin sangêt wragadipun ngantos têlas 500 ringgit. Ewadèntên sabên tiyang sami sagêd mragadi, saking dene tumêmênipun. Kanthi prihatos anggenipun ngupados wragad.

Ingkang saupami tiyang kang sangêt kamlaratanipun, môngka tiyang sêpuhipun ngajal, inggih dipun pêndhêm rumiyin dhatêng sêma, anaming pamêndhêming layon kêdah dipun arak klayan suka-suka, sanadyan botêna gadhah pindhah inggih sêlang sambut. Dumadakan inggih wontên tiyang kang ngandhêl.ngandêl. Pamêndhêming layon mujur ngalèr ngetan. Sasampuning kapêndhêm dipun sêmbah kaping 3, lajêng sami katilar mantuk.

--- 77 ---

Dèntên manawi warisipun sampun gadhah wragad, wau bangke dipun dhudhuk malih, sawarnining tosan kapêndhêtan sadaya, dipun wadhahi ing bandhosa, tumuntên kaobong, ugi kados ing nginggil wau wragad miwah patrapipun.

Ingkang saupami sampun kalamèn sangêt, môngka badhe kaobong, botên susah mêndhêti tosanipun. Namung kadamêlakên gambar sarana alang-alang, dipun êstha tiyang, lajêng dipun sukani nami, dipun cipta warisipun kang sampun ngajal, tumuntên dipun obong.

Ingkang saupami tiyang ngajal, ingkang pêjahipun magihmanggih. paukumaning raja, sabab saking dosa, botên kenging dipun obong tumuntên. Yèn dèrèng laminipun 11 taun. Dèntên pangobongipun inggih namung kagambar alang-alang kados ing nginggil wau punika.

Wondèntên kalakuwan agami kang sampun kasêbut ing nginggil wau sadaya, ugi amêndhêt saking kitabipun. Ingkang têturunan saking kitab jaman kina, tiyang Bali kasêbut rontal agami, saking karanganipun Sang Hyang Wisnu lan Êmpu Krêta, kang wontên ing tanah Bali.

--- 78 ---

Dèntên sawarnining rontal agami, kados ta rontal agami paukuman, rontal kamuksan, sasamènipun, punapa malih rontal cariyos ingkang mawi sêkar, kados ta rontal wiwa = utawi Wiwaha, rontal RamiyanaRamayana (dan di tempat lain). = utawi Rama, sasamènipun sasêratan sadaya sastranipun Jawi, naming wontên sanèsipun ing warni sakêdhik. Anaming sastra Bali punika tumrapipun wontên carakan namung 18 iji makatên: ha na ca ra ka, ga tha ma nga ba, sa wa la, pa dha ja ya nya. Dados ingkang botên wontên sastra kêkalih: 1. Sastra da, 2. Sastra ta, anaming ing rontal-rontalipun inggih wontên sastranipun da lan sastra ta, naming kêcapipun ing lesan sami kemawon. Sastra da inggih kêcap dha, sastra ta kêcap tha. Dèntên anggènipun mrabedakakên sastra da lan ta, manawi tumrap wontên ing rontal têmbung kawi kawi, yèn tumrap wontên têmbung krama botên wontên sanèsipun, da inggih kêcap dha, ta inggih kêcap tha. Mila tiyang Bali sastra da kawastanan dha rambat, sastra dha

--- 79 ---

kawastanan dha madhu. Dèntên sastra ta kawastanan tha ganthi, sastra tha kawastanan tha lathip. Mênggah sastranipun suwara 5, kados ta A - O - U - Da - Ta.. Dados sastra da lan sastra ta lumêbêt ing sastra suwara, mila kalêbêtakên ing sastra suwara amargi da lan ta botên lumêbêt wontên carakan.

Wondèntên sêsandhanganing sastra sami kemawon warninipun. Naming angsalipun mastani sandhangan wau sanès lan jawi.

kados ta: [...]cakra. tiyang Bali kasêbut mêgung macêlêk

kados ta: [...]cakra. tiyang Bali kasêbut mêgung

kados ta: [...]wignyan. tiyang Bali kasêbut bisah

kados ta: [...]pengkal. tiyang Bali kasêbut nanya

kados ta: [...]layar. tiyang Bali kasêbut surang

kados ta: [...]pangkon. tiyang Bali kasêbut mathêgul.

Aliya saking punika botên wontên sanèsipun ing warni miwah naminipun. Dèntên bab ôngka-angkanipun botên sanès.

Mênggah sawarnining rontal-rontalipun tiyang Bali wau, kula pitakèn, cariyosipun kathah ingkang têmbung kawi [ka...]

--- 80 ---

[...wi] kêling, tuwin Kawi Bumi = utawi Kawinipun piyambak. Dèntên sêkaripun, kathah ingkang mingagemangangge. Sêkar Agêng. Pramila sabên tiyang kang sagêd sastra, masthi sumêrêp têmbung Kawi lan Sêkar Agêng sasaminipun.

2. Nyariyosakên Sandhang Têdha

Tiyang Bali punika yèn mangangge sandhangan bêbêd jigrang sanginggil dhêngkul. Wirunipun kangsrakangsrah. ing siti, manawi badhe sowan dhatêng priyantun, punapa malih para priyantunipun. Bêbêdan wau lajêng dipun sasabi kampuh, lajêng dipun sabuki lawe wênang sagêmuh, botên wontên caranipun tiyang ngangge rasukan tuwin sruwal. Tiyang udhêng-udhêngan botên kalampah tansah namung gagêlungan kemawon. Sarta dipun ubêd-ubêdi suwekan sinjang wiyaripun 3 nyantun. Yèn tiyang Jamburana tuwin Bulèlèng, satunggal kalih wontên kang purun mangangge udhêng pradan. Manawi botên pradan, botên purun ngangge.

--- 81 ---

Tiyang èstri-èstri agêng alit, ugi botên wontên sami ngangge rasukan, tur tanpa kakêmbênan. Tapihipun rangkêp kalih, ingkang jawi kasêbut slendhang, kang lêbêt kasêbut kêmbên. Yèn tapiyan jigrang ngajêng kang wingking landhung tur sêmu nglarak. Lan botên kalampah tiyang èstri ngangge sêngkang, kajawi namung lar-laran sarana rontal kang nèm. Agêng sangêt tur molèr-molèr panjang sasêngkang, dalasan para priyantunipun agêng botên sanès.

Tiyang Bali punika manawi nêdha kathah sangêt. Angungkuli saking tiyang Jawi, tur inggih tanpa mangsa, lawuhipun sarana jangan kemawon. Kang dipun jangan gêgodhongan, namung dipun sarêmi thok. Awis sangêt tiyang nêdha wontên griyanipun ngangge lawuh ulam. Tansah lalap sarêm lan lombok kemawon. Ingkang kathah inggih lawuh lingsah klapa dipun sarêmi, agêng malih ngangge lisah babi, wondèntên ajangipun manawi nêdha, sami ngangge dhulang kang mawa suku, awis ngangge ajang pinggan piring, dalasan para priyantunipun awis kagungan pinggan piring, sabarang dhêdhaharan kang dipun wadhahi tansah ngangge [ngang...]

--- 82 ---

[...ge] dhulang miwah godhong. Punapa malih para priyantun agêng sangandhap pindhah, botên wontên caranipun wêwedangan. Ing Jamburana wontên priyantun kang dhaharngunjuk. wedang naming pateyanipun awon sangêt.

Tiyang tanah ngriku sadaya agêng alit sêpuh anèm, sami sês candu, wontên ingkang sarana bakal, wontên ingkang ningko = utawi sês candu thok. Saking dene mirah sangêt rêgining candu, kados ta candu 1 tail naming argirêgi. saringgit. Amargi tiyang Cina saking Singgapura kathah ingkang sami dhatêng pulo Bali wade apyun. Mila ing dhusun-dhusun kathah sangêt tiyang wade candu, tur inggih saklangkung mirah, punika marginipun tiyang Bali lambenipun sami biru-biru saking dene kêkathahên panêdhanipun candu, mila tiyangipun sami kêsèt-kêsèt. Awit tiyang tangi tilêm enjing, punapa malih para raja, yèn wungu sare inggih wanci jam 12 siyang, trakadhang langkung saking samantên.

Tiyang Bali punika dêdamêlipun botên sanès lan tiyang Jawi, kados ta waos, dhuwung, wêdhung, lan cundrik. [cundri...]

--- 83 ---

[...k.] Sarta kathah tiyang ngangge tulup, kang ing pucuk mawa waos, mimisipun sarana pasêr.

Dèntên dhuwung-dhuwungipun sami agêng-agêng, angungkuli dhuwung ing tanah Jawi, wangunipun inggih sae, gêbaganipun inggih lulud. Dèntên wrôngka, ukiran, lan gandaripun sami agêng-agêng tur panjang-panjang, malah wrangkanipun sami dipun cèt. Kasêrat gambar lung-lungan awis tiyang ngangge kandêlan. Dèntên manawi para pambêkêl agêng sapanginggil, ukiraning dhuwung sami jêne sêpuh. Sabên tiyang botên sahpisah. dhuwung, kesah saking kang dhuwung botên kantun-kantun, saking agêng sujananipun.

Mênggah gêgamaning para raja-raja inggih warni-warni, kados ta: jamparing, tamèng, pistol, sênjata, lan gêgaman mriyêm kalataka. Punapa malih gêgaman pirantosipun têtanèn kados ta: wluku, garu, pacul, sasamènipun. Botên sanès lan tiyang Jawi, anaming wlukunipun tanpa kêjèn wêsi, ingkang kadamêl kêjèn ruyung kemawon. Garunipun tanpa ruji, tansah blabag wêtahan kemawon. Paculipun ngage ruji wêsi,

--- 84 ---

kados tatah, ing dalêm 1 pacul mawi ruji 5, 6 ingkang supados siti kapacul sagêd ajur.

3. Nyariyosakên Ingah-ingahanipun lan Pangupajiwa

Tiyang Bali punika kathah ingkang sami rêmên ingah-ingahan kados ta: ngingah maesa, lêmbu, kapal, menda, babi, lan ngingah sagawon miwah pitik iwèn sasaminipun. Anaming lêmbunipun wêdalan ngriku, sanès sangêt mênggah warninipun klayan lêmbu wêdalan tanah Jawi, prainipun lêmbu Bali wau saèmpêr praèning kidang, sarta sukunipun sêkawan pindhah ajêk pancal panggung ing bokong sangandhap buntut, sami tepong pêthak. Abrita, pêthaka, lan cêmênga, saèstu ajêg warnènipun makatên. Sarta lêmbu kalêbêt kathah tur agêng-agêng saha mirah ing pangaosipun. Amargi tanah ngriku awis tiyang purun nyunati lêmbu, sabab kalêbêt dados cacêgahaning agami Bali. Wondèntên kapalipun [kapa...]

--- 85 ---

[...lipun] wêdalan Bali warninipun saèmpêr kapal kore wêdalan pulo Makasar, jêgilênging mripat, miwah trajanging lampah, tur inggih kalêbêt mirah, kula timbang pangaosing kapal tanah Jawi, anaming kapalipun awis ingkang agêng.

Wondèntên tiyang ngingah menda, manawi tanah Bali kang bang kilèn awis. Kajawi tiyang bawah kitha Karangasêm, ingkang kawastanan dhusun Praya saurutipun. Punika langkung kathah sangêt tiyang ngingah menda, 1 tiyang ngantos ngingah 50 iji, agêng ngantos 300, ngantos 500, mila pangaosing menda tanah ngriku mirah sangêt. Punapa malih wau menda ngantos sami dipun ujagakên = utawi dipun wanakakên. Dèntên tiyang ngingah babi sami botên purun ngandhangakên. Mila salêbêting kitha-kitha, dhusun-dhusun pintên-pintên babi pating gluyur ing margi-margi, tinjanipun andadosakên sêsakit rang, môngka mèh sabên tiyang sami ngingah babi. Mênggah pangingahipun sagawon saklangkung kathah, ngantos tiyang satunggal ngingah 3, agêng ngantos 8, tur inggih crobo, satêngah gagêntosan kimawon, patilêmanipun [patilêmani...]

--- 86 ---

[...pun] kadamêl tilêm sagawon. Tiyang ngingah bèbèk, ayam, paksi titiran utawi prakutut inggih kathah.

Tiyang Bali punika pangupajiwanipun ingkang kathah sami têtani, nanêm pantun, palawija, sasamènipun. Awit tiyang nglampahi dagang saba laut. Ugi wontên anglampahi dagang, anamianaming (dan di tempat lain).

sami botên kesah-kesah saking salêbêting nagarinipun piyambak.

4. Nyariyosakên Kalakuwan Warni-warni

Tiyang Bali punika manawi badhe semah jaka antuk prawan, botên mawi dipun têmbung dhatêng ingkang sêpuh, tansah lare sami lare, rêrujuk wontên ing margi-margi, tuwin wontên ing tongtonan wanci dalu, manawi sampun sami sênêng, ing satunggal dalu lare èstri dipun colong, kabêkta kesah siningidakên ing panggenan kang têbih. Sarêng tiyang sêpuhipun lare èstri sumêrêp ing wanci dalu anakipun botên wontên, lajêng enggal ngungêlakên [ngu...]

--- 87 ---

[...ngêlakên] kênthonganing pambêkêl kang wontên ing margi, tuwin lajêng rêpot dhatêng pambêkêlipun.

Tumuntên krabat-krabating lare èstri saking bapa saking biyung sami ngupadosi ing wanci dalu wau, sami sumêkta ing dêdamêlipun. Ingkang saupami pinanggih, saèstu lare jalêr dipun pêjahi, botên kirang-kirang tiyang pêjah kang prakawis makatên.

Anaming manawi kitha Bulèlèng lan ing Jamburana ingkang sampun kabawah ing Gupêrnêmèn sampun botên kenging damêl pêpêjah ingkang jalaran makatên. Ing samangke sampun sami mituhu ing parentah, inggih ugi yèn gadhah anak ical malih kaupadosan. Anaming pangupadosipun botên sumêngit sarta botên tumêmên. Malah manawi mirêng kabar lorogipun mangalèr lajêng kaupados mangidul. Supados sampun ngantos bênthuk.

Sarêng sampun watawis dintên lare jalêr kang nyolong lare èstri wau manggihi dhatêng bapaking lare èstri, anêmbung badhe mêndhêt semah dhatêng anakipun kang sampun kabêkta kesah, bapakipun lare èstri inggih

--- 88 ---

sumarah kemawon. Punika lare jalêr lajêng bayar wragad warni yatra, sapintên adating tiyang sêpuhipun kang sasamènipun kalampah rumiyin-rumiyin. Adat alitipun arta 2 bukus, agêng ngantos 5 bukus. Dèntên manawi tiyang Bulèlèng, badhe bayar yatra kathah botên sagêd, lare èstri kabêkta dhatêng pambêkêl agêng, dipun tumbas klayan mirah, yatra katampèn dhatêng pambêkêl. punika tiyang sêpuhipun lare èstri miwah karabatipun sadaya sami anyawakakên dhatêng anakipun sakaliyan wau, kapêthuk ing margi-margi botên purun aruh-aruh salaminipun gêsang.

Tiyang Bali manawi gadhah bayi, larenipun botên mawi dipun dadah, dèntên yèn ngêdusi kabêkta dhatêng lèpèn dipun rambang, kang têbih lèpèn dipun rambang ing têmbilung upih, anggènipun suka nami dhatêng bayi manawi sampun ngumur 3 wulan.

Ingkang saupami wontên bayi lahir mêdal kêmbar, kêmbaripun jalêr èstri, wau bayi sak tiyang sêpuhipun jalêr èstri dipun bucal ing wana, botên kenging momoran

--- 89 ---

klayan tangganipun. Mênggah laminipun wontên bucalan 40 dintên. Sawênèh nagari wontên kang 100 dintên. Yèn sampun dumugining wangên inggih kenging mantuk. Yèn sampun dumugi bale griyanipun kapurih mêmule sêkul ulam, dipun kêpangakên tiyang sakiwa têngên ngriku, inggih punika sidêkah kasêbut pangrurah. Punapa malih manawi wontên lare lahir nyarêngi sadintên dhawahing grahana surya miwah rêmbulan, ugi kabucal kados ing nginggil wau.

Wondèntên pangkating lare tanah Bali, 1. Pambajêng kasêbut Wayan, 2. Pandhadha kasêbut Made, 3. Wuragil kasêbut Kêthut, milanipun tiyang-tiyang masih bêkta pangkating lare.

Tiyang tanah Bali manawi wontên tiyang kacakot ing sawêr sawa, wau tiyang inggih dipun bucal dhatêng wana, ngangge dipun sandhingi kênthongan. Ing môngsa-môngsa kapurih nabuh, dèntên ingkang suka têdha ing sadintênipun inggih warisipun piyambak. Mangke samôngsa dipun kintukintun. ingkang ngintungintun. mawi nabuh kênthongan wau supados yèn pinuju kesah saking ngriku mirêng kênthong lajêng wangsul.

--- 90 ---

Manawi sampun dhatêng botên purun slanggapan ujar sakêcap. Mèsêm kemawon botên kenging. Dèntên manawi sampun dumugi ing wangên laminipun, wau tiyang ngangge dipun pasangi jaring miwah kala, tumuntên dipun giring, sarêng lumêbêt ing jaring lajêng kabêkta mantuk. Ugi lajêng sidêkah pangrurah. Tiyang dipun cakot sawêr sawa wau botêna wontên tiyang kang sumêrap, pyambakipun pyambak inggih cariyos dhatêng tôngga-tangganipun, supados kabucal dhatêng wana kados ingkang sampun-sampun.

Manawi wontên tiyang sakit wudhug = utawi busik, tuwin manawi wontên tiyang sakit buntal = utawi bêlang pêthak, wau tiyang botên kenging ngambah kitha-kitha, sanadyan dhusun-dhusun inggih sangêt botên kenging, sapurug-purugipun kasungkrah-sungkrah cariyosipun, andadosakên sangaring siti kang dipun ambah tiyang sakit bêlang miwah wudhug wau. Pramila ingkang kathah tiyang kang gadhah manèk makatên wau lajêng gadhah atur dhatêng raja, nuwun obong supados pêjah, raja inggih sangêt suka sokur, sabarang wragadipun panjênênganing [panjênênga...]

--- 91 ---

[...ning] raja kang mragadi. Mênggah patrapipun kadamêlakên tabêla, saèmpêr grobogan wadhah sima, katumpangakên kajêng-kajêng, lajêng dipun sasabi kajêng-kajêng, tumuntên ngandhap nginggil dipun sumêt ing brama, samôngsa sampun dados, tiyang kapurih brangkang lumêbêt ing tabêla, wontên nglêbêt lumumah. Yèn sampun têlas katêdha ing brama, awunipun kapêndhêt, dipun wadhahi gêlaran enggal, miwah sinjang-sinjang kang sae, lajêng dipun labuh ing lèpèn agêng, dèntên sidêkahipun ugi raja ingkang ngrêngga.

Tiyang Bali saurutipun kathah ingkang sami rêmên kasukan, kados ta: main kartu cina, kartu agêng, kubuk, lan pramainan abên sawung tajèn. Mênggah tohipun inggih kalêbêt agêng, sanadyan para raja sakpêngandhap dumugi tiyang alit ing dhusun-dhusun sami rêmên ngabotohan. Anjawi saking ngabotohan, amêng-amênganing para raja inggih kathah, kados ta: bôngsa agêng alit, gabuhan = utawi bêksan, lêlampahan panji, bêdhayan, rigitringgit. purwa wacucal, tlèdhèk sasaminipun inggih [ing...]

--- 92 ---

[...gih]

wontên. Dèntên wanguning ringgit purpurwa. inggih sae-sae. Anaming praèning ringgit sami methok-methok, botên miring kados ing tanah Jawa. Dèntên tlèdhèkipun kalêbêt sae-sae sangêt. Tur kathah ingkang alit-alit, anaming wau tlèdhèk botên kenging dipun sênêngi ing tiyang, amargi tlèdhèk sami gadhah semah sadaya, dados ingkang dipun wade namung jogèdipun kemawon.

Tiyang tanah Bali sak anteronipun, awit kina mila dumugi samangke masih kathah tiyang wade tinumbas tiyang, ingkang kawade wau warni-warni jalaranipun. Wontên jalaran kenging dhêndha, katikêl sambutan, angicalakên baranging liyan, lan wontên jalaran saking kawon ngabotohan. Punika kathah tiyang kang narimah dipun sade tuwin dipun gantos. Narimahipun trakadhang saking paksaning khukum. Trakadhang rêrukunan piyambak. Mila kathah sangêt tiyang jalêr èstri sami dipun tumbas dhatêng Cina wangkang, punapa malih dhatêng tiyang ngriku sami ngriku. Pramila tiyang kang sami kaya-kaya ing tanah ngriku kathah sami gadhah tiyang tumbasan. Môngka patrapipun [patra...]

--- 93 ---

[...pipun] ing damêl kalêbêt pêksan. Tur ingonipun botên patos tuwuk. Angêcakakên damêl kados dene dhatêng bangsanipun piyambak. Môngka tiyang wau tanpa wangên laminipun. Kang lepa ngangguripun saking damêl namung sakêdhap, yèn mêntas panèn sabin kemawon. Sadangunipun kèndêl, upami dêdamêl punapa-punapa inggih lajêng dipun akên dhatêng kang gadhah tiyang, kula ningali cariyosipun ngantos angrês manah kula. Môngka ingkang kalêrês dados tiyang tumbasan wau ingkang kathah jalêr èstri, mangke manawi gadhah anak, salêbêtipun wontên panganing tiyang, saèstu botên rumaos gadhah, sinaosa wau lare dipun sade, bapak biyangipun botên kenging ngêkahi, mila inggih kathah ingkang manak-manak kasade manak-manak kasade, trakadhang kapêndhêt sêlir, trakadhang kadamêl dêdolanan kemawon. Amargi sampun dipun sahakên, ingkang kasêbut ing rontal agaminipun. Mila tiyangipun ingkang kawade inggih lajêng manut. Yèn wontên ingkang

--- 94 ---

miruda, lêpatipun dipun pêjahi inggih dipun tikêl ing damêl, malah sangsaya tambah sangsaranipun.

Ing waktu samangke sawarnining para raja ing tanah Bali sadaya, sampun dipun èngêtakên dhatêng Gupêrnêmèn. Kadhawuhan botên kenging wade tiyang numbas tiyang, anaming botên patos dipun gêga, namung raja kitha Badhung ingkang sawatawis gêga, anaming ing dhusun-dhusun, punapa malih para raja ingkang alit-alit, têsih sami anglampahakên ukum sade tiyang tuwin sêlang sambut sasaminipun. Manawi kitha Bulèlèng sampun tumindak. Botên kenging pindhah-pindhah, malah-malah sawarnining tiyang Islam, ingkang sami tumbas tiyang kala dèrèng wontên dhawuh, samangke sampun dipun luwari sadaya, kapurih mantuk dhatêng bale griyanipun lami, yèn botên makatên inggih kapurih nyukani gajih, ingkang klayan sami sênêngipun. Yèn botên purun botên kenging mêksa. Anaming ingkang asli tiyang Bali dèrèng wontên ingkang dipun lêpas. Mila pambêkêl dhusun Pangastu lan bawah Bulèlèng, masih kathah anggènipun ngingah tiyang tumbasan. Kula pitakèn wontên saking tiyang 140 iji, inggih punika nak kêmanak. [kêma...]

--- 95 ---

[...nak.] Dadosipun samantên wau, mênggah sawarnining tiyang tumbasan sadaya ugi sampun sami sumêrêp, yèn Kangjêng Gupêrnêmèn sampun ambatalakên tiyang sade tinumbas tiyang, lajêng wontên satunggal kalih ingkang lumajar dhatêng kantor, wau tiyang lajêng kapasrahakên dhatêng raja kapurih ngrêmbag. Sarêng dumugi panggenaning raja, wau tiyang dipun ajrih-ajrihi kathah-kathah, dados tiyang sangêt ajrihipun. Dangu-dangu tiyang nuwun wangsul malih dhatêng bêndaranipun. Raja lajêng angrêpotakên dhatêng kantor, yèn tiyang ingkang nyuwun mêdal saking tumbasan botên èstu.

Saking pandugi kula, pamrihing raja makatên wau botên punapaa, namung wêlas dhatêng sawarnining tiyang kang sampun kalajêng tumbas kathah kala sadèrèngipun wontên dhawuhing Gupêrnêmèn.

Watêkipun tiyang Bali punika sami têmên-têmên. Awis sangêt tiyang purun adamêl-damêl. Mila samôngsa-môngsa sampun gadhah atur dakwa dhatêng tiyang durjana sasaminipun, sarta sampun purun kasumpah, saèstu raja lajêng pitados kemawon. Mila sami ajrih-ajrih nêrak [nêra...]

--- 96 ---

[...k] sabarang lampah ingkang awon. Mila tiyang durjana inggih kalêbêt awis.

Têmênipun ingkang kaping kalih, manawi nurun rontal = utawi sêrat, botên purun sangêt angewahi gandhènging sastra miwah têtêmbunganing basa, saking botên mangmang ing panganggêpipun. Dados sawarnining cariyos miwah kawi-kawi botên wontên ingkang ewah, awit jaman buda dumugi samangke sami ajrih ngewahi têtêmbungan. Mila sawarnining rontal, kados ta: Wiwaha, Bratayuda, lan rontal Ramiyana sasamènipun, sabên kitha inggih kathah, sabên dhusun inggih wotên. Tur inggih sami kemawon sabarang cariyosipun, têmbang miwah kawi-kawinipun sadaya, botên sanès sêrat dhusun lan sêrat nagari, inggih punika mratandhakakên katêmênanipun. Sanès kados kula tiyang Jawi, manawi nurun sêrat asring kula ewahi, têtêmbungan miwah gandhènging sastra, tur kathah ingkang botên lêrês. Mila sêrat Jawi ingkang sêratan jaman samangke kathah kang sulaya, sampun ingkang sanès nagari, tunggil sanagari kathah kang botên cocog. Amargi anggèn kula

--- 97 ---

nyêratakên sagêd ing kawi-kawi, ngakên putus ing têtêmbungan. Wêkasan awis ingkang kenging dipun pitados. Sarêng tiyang Bali botên makatên. Mila sabarang rontalipun kula ngandêl. Sanadyan sêratipun dora, inggih goroh saking kina-kinanipun pindhah

Ing sawarnining dhusun-dhusun tanah Bali mèh wradin wontên rontalipun, ingkang nyariyosakên mula bukanipun kang akal bakal. Sarta asaling naminipun dhusun, miwah nalar-nalaripun, margi dipun sukani nami dhusun nganu.

Dèntên warninipun dhusun kula tingali inggih sae-sae, klapanipun kathah, kajêng agêng-agêng inggih wontên. Tur satêngahing dhusun mawi radinan agêng prapatan. Ing pinggir katanêman kajêng bulu, sabên griya-griya mèh wradin pagêripun dhadhah banon siti mêntah, tipundipun. lepa alus cara labur, kathah tiyang sami mangku regol agêng inêp gêbyog.

Anaming wau radinan samôngsa sampun mêdal saking dhusun saklangkung awon sangêt, botên pindhah-pindhah purun dangdosi radinan. Wradin saurutipun makatên.

--- 98 ---

Tiyang Bali kathah sami sagêd damêl rêca-rêca, miwah lung-lungan tumrap wontên sela tuwin wontên kajêng-kajêng saminipun. Punapa malih kathah tiyang sagêd damêl gambar ringgit.

Tiyang Bali yèn anggarap sabin saklangkung sae, angungkuli saking tiyang Jawi, amargi siti sampun dados leleran winih sawêk dipun sêbar, angêntosi sêpuhing winih, botên kèndêl-kèndêl pangulêtipun leleran, tiyang dipun sambat gêgaru sabin, sami macak pangangge kang sae-sae, sarta lêmbunipun mawi dipun paèsi, sunguning lêmbu kablêbêt sinjang abrit jêne warni-warni, pasanganipun mawi gagar mayang rupi-rupi, jangganing lêmbu dipun pasangi klonthangan langkung agêng, watawis sagênthong, mila suwaranipun pating jrêngglung kados lêsung, angsalipun pêcat ngantos jam 1 siyang, yèn sampun dados leleran, ingkang tanêm tiyang jalêr, manawi môngsa panèn angsalipun bawoni tiyang kang dêrêp namung mara tiga, yèn damêl griya wadhah pantun saklangkung inggil. Kêdah ikangingkang. ngungkuli griya, dèntên griyanipun sami majêng ngalèr miwah ngidul. Tur sadaya griya-griya [griya-gri...]

--- 99 ---

[...ya] alit-alit. Sabab botên kenging damêl griya agêng tuwin inggil kang ngungkuli lan inggilipun griya pura padewan. Sanadyan dalêming para raja inggih alit-alit, ugi andhap-andhap. Naming manawi raja kenging damêl griya majêng ngilèn miwah ngetan. Tiyang jalêr dhusun-dhusun botên kenging ngingah rambut panjang, kajawi para pambêkêl sapanginggil kenging ngingah rambut, manawi rajanipun agêng seda, tiyang-tiyang sami cukur yèn raja Klungkung kang seda, sadaya tiyang tanah Bali awit ing Jamburana dumugining Bulèlèng sami kurmat cukur. Tiyang alit anakipun jalêr botên kenging rabi lan anaking pambêkêl sapanginggil. Manawi pambêkêl sapanginggil, kenging mêndhêt èstri tiyang alit. Sêmbahipun tiyang Bali tanganipun kalih dipun cathokakên. Manawi kêkesahan calêkacêlaka. têbiha botên kantun-kantun bêkta kompèk agêng = utawi slêpèn. Ing lêbêt isi cangklong = utawi bududan sakprabotipun. Isi rontal lan isi kinang. Sabên tiyang jalêr èstri sami doyan nginang dalasan lare kang dèrèng pasah sami nginang. Tiyang jalêr sami alul bêlorehan, wawêdhakan, sarta karêm cundhuk [cundhu...]

--- 100 ---

[...k] tuwin sumping sêkar kang wangi-wangi. Para santananing raja miwah para pambêkêl agêng alit, sami purun nyêrèt wontên patikèn. Purun jajan wontên ing wande-wande. Kathah tiyang sami nglampahi tirakat. Sami cêgah sarêm, cêgah sêkul, lan cêgah tilêm. Ing Jamburana wontên tiyang èstri wadat botên purun semah kasêbut nami sang Dewayu, inggih punika dados padhukunan.

Wondèntên tiyangipun èstri ing tanah Bali punika sami bêkti-bêkti ing laki, manawi ingkang jalêr dhatêng saking kêkesahan, lajêng dipun wisuhi sukunipun. Tumuntên dipun wêdhaki miwah dipun borèhi, malah yèn katilar kesahan kang èstri botên purun nêdha-nêdha, sadintên-dintên kabawah prentahipun ingkang jalêr. Tiyang èstri manawi dipun srêngêni dening kang jalêr, botên purun mangsuli, sanadyan lêrêsa prakawisipun, inggih narimah kemawon. Dipun wayuh 2 agêng ngantos 5 botên purun sami pabên lan marunipun. Tansah sami rêrukunan kados sadhèrèk kemawon. Ingkang saupami tiyang jalêripun ngajal, môngka èstri botên tumut obong, margi momo anak, inggih botên [bo...]

--- 101 ---

[...tên] purun semah salamining gêsang, tiyang èstri dipun gantosakên dhatêng ingkang jalêr, kadamêl kawon ngabotohan inggih purun kemawon. Môngka wontên gêntosan, kapatrapakên ing damêl kados dèntên tiyang tumbasan. Botên kirang tiyang Jamburana lan Bulèlèng anggantosakên ingkang èstri kadamêl kawon ngêbotohan.

Tiyang èstri awis ingkang purun lampah awon, inggih ugi sabarang tandang tênaganipun sami kênès-kênès. Anami botên kenging dipun sêmbranani ing tiyang sanès. Mênggah panggaotanipun tiyang èstri botên wontên. Kajawi satunggal kalih alongsalong. wontên sami wade grabadan. Naming botên mêdal saking nagarinipun piyambak. Manawi tiyang èstri-èstri bawah Karangasêm lan bawah Bangli, kathah sami tumut ingkang jalêr kilak barang sabrang dhatêng kitha Bulèlèng kabêkta lumêbêt dhatêng nagarinipun.

Aliya saking kalakuwan ingkang sampun kacriyos ing nginggil wau sadaya, kathah rèmèh-rèmèh, kang botên kacriyos ing ngriki.

--- 102 ---

11. Wasitanipun ingkang ngarang mawi têmbang-têmbung Mlajêng

Sarkara

sunggu-sunggu anak cucu mami / ini crita dhari lain tampat / sopaya mênjadhi kowe / liat yang bêlum jau / maka ini saya têrbikin / basa Malayu rêndhah / samua nak cucu / yang masuk sêkolah Jawa / buat isêng-isêng priksa baik-baik / byar kênal dhalêm akal //

atas ati orang hidhup ini / lêbih dhalêm dhêngên lêbih lebar / sapêrti laut bandhinge / sêgala èlmu-èlmu / misti tahu yang sampai abis / kalu abis pêrcaya / banyak orang tundhuk / mêrêndhah cinta dhan khurmat / lagi cêrdhik itu sapêrti mêngasih / makanan dhan pakean //

maka anak saya lihat ini / abis luwar dhêri sakolahan / pintêr sêgala tulise / dhan èlmu etung putus / gambar / kur adha yang cêrdhik / têtapi jarang-jarang / samua yang tahu / dhari basa prakataan / kawi-kawi banyak kurang sêbab dhari / trak pêrdhuli mêliat //

buku-buku crita basa kawi / dhan lain-lain samua adha / tradhak kurang anterone / dhi kantor buku itu / tapi [ta...]

--- 103 ---

[...pi] tradhak bagitu misti / adhak jika lu mliat / sabêntar trak mau / memang sêgala carita / kaluk bêlum paham bêtul tradha baik / itu sudhah slamanya //

jangan bagitulah anak kami / crita dhicap itu sudhah têrang / tlalu bêsar paedhahe / dharitu sudhah bêtul / abis priksa orang yang cêrdhik / maka itulah dhicap / kalu tradhak bêtul / dhan tradhak baik nêscaya / tradhak dhicap lah itu nak cucu kami / liatên samuanya //

têmtu itu adha lain-lain / jangan kao kira sama jugak / itu mênjadikên lêmbèk / kutika saya dhulu / masuk murid mêncari cêrdhik / bagitu saya liat / tradhak sukak sungguh / sranta saya sudhah tuwa / liat crita têrlalu bagus sêkali / jadhi mênyêsêl bêsar //

maka orang pintêr lain tulis / lain etung lain gambar-gambar / dhan lain crita antero / kalu samuwa itu / masuk dhalêm akalmu misti / dhipanggil pandhe memang / cêrdhik dhêngên putus / samuwa èlmu têrus trang / tradhak pilih apa yang dhi tanyak ngêrti / itulah yang sampurna //

sêgalanak yang mêliat ini / jangan gili ngatahui crita / itu mênjadi èlmune / yang nama ilmu itu / adha dhuwa [dhu...]

--- 104 ---

[...wa] prakara misti / satu èlmu akherat / satu èlmu hidhup / itu adhat orang Islam / jangan kao salah trima èlmu ini / têpake dhalêm dhunya //

byar mênambah kao punya ati / ampi meliat sêmata-mata / dhari crita yang têpake / misti tahu dhirimu / bodho pintêr dhan busuk baik / sêgala kaadhaan / dhalêm dhunya itu / mênjadhi èlmu samua / adhat jahat adhat baik tradha lain / angsal tahu sopaya //

mêmbuangkên adhat yang trak baik / ambil sêgala yang kêbaikan / dhari itu kita bole / orang dhi dhalêm hidhup / pilih-pilih sêgala baik / tinggal dhi atas tanah / samua yang tau / byar sampai dhêngêr trus têrang / kaadhaan yang têpake môngsa ini / jadhi èlmu samua //

itu èlmu yang bole têpakik / buwat mêncari makan pakean / byar sampurna dhi hidhupe / jangan kao têrgantung / kakèk moyang yang tradhak baik / pake èlmu akherat / sêkarang kêtêmu / bêjumpah dhari justakya / dhia buat sêkarang tra bole pakik / sêbab trak kênyataan //

kalu liat crita môngsa ini / mênjadhi kao tabah èngêtan / itu yang adha saksine [saksi...]

--- 105 ---

[...ne] / dhari prakara sunggu / jangan kao trima trak baik / mliat carita jahat / tapi lain itu / malabankên buat timbang / jadhi tahu sêgala adhat dhi sini / buang sêgala jahat //

buat èngêt èngêt dhalêm ati / maka itu kao jangan êlat / nengok buku anterone / bêtul orang maguru / bisa etung dhan bisa tulis / jika lu tradhak bisa / caritanya buku / mênjadi têrbanyak slêmpang / banyak malu itulah yang baik-baik / jangan kao bêrsangkal //

cobak lah liat antero nagi / mana adha orang yang tiadhak / mangêrti dhipanggil bodho / sari ari bêpikul / tunggang balik sana kê mari / payah dhi makan kurang / jarang olèh cukup / jika luk tulis tiyadhak / dhan têrputus sêgala akal yang cêrdhik / itu nimbulkên pangkat //

tradhak kurang anak orang kêcil / jadhi naek pegang pangkat bêsar / samuwa orang bêrkate / manyêmbah sunggu-sunggu / dhari itu pintêr yang tarik / mêngangkat pangkat bêsar / dhari itu èlmu / pintêr yang manjadhi pahlal / sampe turun mênurun dhi blakang kali / cobak lah kao liat //

buat conto dhalêm kowe ini / dhulu adha anak rêgèn [rê...]

--- 106 ---

[...gèn] sabrang / radhèn mas anu namane / tradhak mau maguru / dhi sêkolah tradhak pradhuli / sêgala kapintêran / tradhak mau tahu / siyang malêm èngêtannya / anak rêgèn trak kurang sêgala dhuwit / makanan dhan pakean //

êmas intên sampik buang pilih / sranta mêninggal dhi punya papah / orang lain ganti rêgèn / sêbab radhèn mas anu / orang bodho trak misti ganti / uwang bêbrapa-brapa / buwat makan tidhur / lama-lama uwang ilang / jadhi miskin kêsana kêmari ngêmis / mênjual blas kêsian //