Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Majapahit, Tanaya, 1975, #1501

Katalog:Babad Majapahit, Tanaya, 1975, #1501
Sambung:-

Bagiyan saking kalêmpakaning pinanggihipun sêrat-sêrat ingkang sumbêr aslinipun sakawit saking gêgubahanipun ingkang pinudyasma Radèn Panji Natarata ingajêng Panji Dhistrik Ngijon Nayugyakarta,Ngayugyakarta. lajêng salisalin. nama Radèn Sasrawijaya

--- [1] ---

Dibêbukani:

Babad Majapahit

Gubahan bangunan ing Surakarta nalika taun Je 1822

Bêbukaning Pambangun

1. Dhandhanggula

1. Rabi'u'lawal duk kala nulis | jam sawêlas ing dina Anggara | kaping lima ing tanggale | taun Êje kaetung | angkanira ingkang winarni | ingetang taun Jawa | sèwu wolung atus | rolikur sirahing warsa | masa Kapat wuku Prangbakat lumaris | nuju taun Rêkatha ||§ (27 September 1822).

Sri Bathara Prabu Brawijaya ing Majapait

2. madyaning kawuryan kramaniti | pan anawung kang sêkar Macapat | ingkang rinêngga kandhane | nênggih Ratu pinunjul | nagri agung ing Maospahit | sumbagèng tri bawana | prakosa dibya nung | trang luhur karatonira | angluwihi kinasihan ing dewadi | tan ana kang tumimbang ||

3. kasub ing rat angêtêri bumi | Buminata Sang Sri Brawijaya | kucêm isining rat kabèh | pan sagung ratu-ratu | bawah-angin akèh kajodhi | tur bulubêkti samya | dhatêng sang aprabu | tuwin sagung pra pandhita | samya lulut sih marang sri narapati | wit tyas susila arja ||

4. nuju dina Soma sri bupati | arsa miyos dhatêng panangkilan | upacaranira abyor |Guru lagu seharusnya: 8e, upacaranira abyèr. pra dipati supênuh | saos ngarsanira sang aji | wuwusên kapatihan | maglaran sadarum | para putra myang santana | kyana patih kasaru wau kang prapti | putra saking ing wana ||

--- 2 ---

Ki Jaka Dilah

5. data tita lingira ing nguni | kang kocapa Ki Dilah tumama | andheprok ing pasebane | kyai patih puniku | Gajahmada ing Maospait | kalanira yun seba | Ki Dilah kadulu | anglosod anèng paseban | Kyana Patih Gajahmada nulya angling | hèh rare ngêndi sira ||

6. Jaka Dilah matur mring ki patih | rare ngalas datan wruh pinangka | datan kantênan wijile | têbih bapa lan biyung | ulun niki ingkang nêsêpi | pantês kidang mênjangan | saênggèn dêdunung | mangke anèng ngarsa tuwan | pan anglindhung ing karsa kiyai patih | kyana patih lon mojar ||

7. dene sira praptèng jro nagari | apa ingkang sira sêdyèng nala | lan sapa aranmu rare | pun Dilah wasta ulun | nêdya ngabdi sri narapati | yèn kaparêng lan karsa | ngawulakkên mring sun | suka anyangking karanjang | linging patih iya milua mring mami | sun aturkên sang nata ||

8. Jaka Dilah suka jroning galih | gya lumiring dhatêng kyana patya | praptèng ngalun-alun kinèn | lênggah waringin kurung | majêng ngidul dènira linggih | kyana patih maglaran | punggawa supênuh | miyos sang sri naranata | magêlaran punggawa pêpak sumiwi | kagyat nata tumingal ||

9. rare anèng sor waringin rakit | angandika sang sri naranata | lah gandhèk priksanên age | gandhèk nêmbah wus gupuh | sapraptane waringin rakit | Ki Dilah pinariksa | turira lon arum | kawula têtiyang ngarga | ran Ki Dilah arsa ngawula ngabêkti | ing gusti sri narendra ||

10. inggih alit mila anèng wukir | tanpa rena inggih tanpa kadang | kang mariksa mundur age | wus katur sang aprabu | angandika sri narapati | lah mara timbalana | marang ngarsaningsun | glis prapta ngarsa narendra | sri bupati ningali rêsêp ing galih | kinèn wor panakawan ||

--- 3 ---

11. sri narendra langkung dènira sih | dene ana èmpêre kang warna | ing tindak lawan tanduke | iya mèmpêr sang prabu | lama-lama Sri Maospait | arsa cangkramèng wana | nggrit kidang anumpu | banthèng kalawan mênjangan | wus parentah mring wadya punggawa mantri | asaos karsa nata ||

12. Jaka Dilah matur awotsari | adhuh gusti amba nuwun duka | yèn suwawi karsa rajèng | sampun dhatêng wana gung | ulun ingkang ndhatêngna ngriki | banthèng kidang lan sangsam | anèng ngalun-alun | yèn wontên ayahan tuwan | sri narendra ngandika asêmu runtik | hèh Dilah têmên sira ||

13. ananggupi marang karsa mami | pacêt alit (êsèt) liwat kumawawa | yèn nora nana yêktine | mêsthi yèn sira lampus | ingsun bêsèt kulitirèki | sagung para punggawa | samya njêngêr ngrungu | ing ature Jaka Dilah | samya angling ing nala rare puniki | gêsang sasat pralaya ||

14. Jaka Dilah umatur wotsari | adhuh gusti kawula sandika | anglampahi karsa rajèng | gya mentar tan asantun | tanpa rewang dhatêng wanadri | prapta kahyanganira | kêpanggih lan ibu | gya rinangkul tinangisan | sira prapta mring wana pa ana kardi | sun sawang pan kadukan ||

15. dene sira age-age prapti | sêmunira kaya wong kadukan | lah tutura sira anggèr | lêgane atiningsun | Ni Rasêksi kathah dènnya ngling | suta tansah kinuswa | Ki Dilah lon matur | marmane sun age prapta | pan ingutus dhatêng gusti sri bupati | angambil buron wana ||

16. kinèn nggirèng sato alas kèhing | inggih dhatêng alun-alun ika | ing karsanira sang rajèng | Ni Rasêksi amuwus | lan Ki Dilah sowana aglis | ingsun ingkang nggiringa | marang alun-alun | sakèh ingkang buron wana | andêlêna biyangira anèng wuri | nuruti karsa nata ||

17. ingkang putra tur sêmbah nulya mit | sigra mentar tumamèng nagara | prapta ngalun-alun age | Sang Nata Majalangu | ri sêdhênge

--- 4 ---

siniwèng mantri | anèng ing pagêlaran | Ki Dilah kadulu | dèn iring ing buron wana | sangsam kidang maesa banthèng lan kancil | sarwi munya sadaya ||

18. yèn janmaa pan punika gusti | amba ngaturakên pêjah gêsang | sumangga ing sadayane | mring Nata Majalangu | Jaka Dilah matur wot sari | dhuh gusti sri narendra | ngaturakên ulun | antuk sakèh buron wana | nggih sumangga ing karsa sri narapati | sang nata ngling tarima ||

19. nulya mangkat lawan pramèswari | sami nitih ing jêmpana sinang | Ki Jabadbèdri arane | anggêrit sangsam wau | Brawijaya sukanya ngênting | salaminira gêsang | tan kadya puniku | sukanira anèng dunya | katingalan Ki Dilah kang dadi margi | suka Sang Brawijaya ||

20. sinakolèh Ki Dilah makarti | apan wau kinulawisuddha | jinunjung wau linggihe | jinênêngakên sampun | Arya Damar sinung nagari | tanah sabrang Palembang | pan kinèn angratu | ginawan bala salêksa | saking Jawi ingakên suta sang aji | dibya pan kinasihan ||

Putri Cina

21. sampunira wau lami-lami | kang kocapa wau Putri Cina | ingaturkên mring sang rajèng | saking Raja Cinèku | langkung ayu warnaning putri | yèn ngombe katon lèrnya | lir gêdhah dinulu | saking sampurnaning endah | lamun dhahar katon upan-upannèki | lir widadari kendran ||

22. Brawijaya sukanira ngênting | sinaosan putri saking Cina | dadya garwa ingkang anèm | ênting sih mulènipun | pramèswari ing Dwarawati | garwanira kang tuwa | sihira pan kantun | Pramèswari sigra mular | nyuwun pêgat ulihna mring yayah wibi | pan ingsun Putri Cêmpa ||

23. Brawijaya sigra dènira ngling | ariningsun yèn sira tan arsa | amaru Putri Cinane | yêkti iku sun tundhung | saking pura ing Majapait | Brawijaya nênurat | surasaning kalbu | kawrat nawala

--- 5 ---

mring putra | sinungakên marang Gajahmada Patih | tinampèn gya manêmbah ||

24. pan widagda Gajahmada Patih | wus uninga ciptanirèng nata | glis dandan lumampah age | ing Garêsik jinujug | Arya Damar kalane nguni | tinundhung mantuk sigra | saking Majalangu | nèng Garêsik pamondhokan | pan anganti wadyane sri narapati | kathah kang dèrèng prapta ||

25. sigra prapta Gajahmada Patih | ing Garêsik cundhuk lan Ki Arya | Damar wau nulya lèngsèr | saking lênggahanipun | Patih Gajahmada sigra ngling | hèh Risang Arya Damar | ulun pan ingutus | dening sang sri naranata | maringakên garwa-dalêm mring sirèki | putri sing nagri Cina ||

26. myang kang layang Prabu Maospait | kinèn maringakên marang sira | nulya tinampenan age | mring Arya Damar sampun | glis binuka sinuksmèng galih | têmbunge kang nawala | pèngêt layang ingsun | Brawijaya Majalêngka | hèh Sang Arya Damar sira sun paringi | risang putri ing Cina ||

27. aja sira rewangi karêsmin | lah antinên ing titipan ingwang | yèn wis babar ing putrane | karsanira puniku | risang putri Cina ing nguni | pan iku garwanira | ywa taha maring sun | saèsthine driyanira | apan kawrat anèng surat ingsun tulis | rampung tata titinya ||

28. Arya Damar sigra dènira ngling | lah Kiyai Patih Gajahmada | inggih matura sang katong |Guru lagu seharusnya: 8e, inggih matura sang katèng. sêmbah-ulun anuwun | karan ulun kandhêg Garêsik | alami tan alayar | anganti ing ulun | karsane sri naradipa | rèhning lami ngawula sri narapati | eman ewuh ing lampah ||

29. Kyana Patih Gajahmada mulih | dyan lumampah tumamèng nagara | prapta ing Majapaite | risang nata kêpangguh | Patih Gajahmada turnya ris | dhuh Gusti Naradipa | ulun tuwan utus | dhumatêng pun Arya Damar | maringakên surat kalawan sang putri | nuwun turnya pun Damar ||

--- 6 ---

30. data tita lingira ing nguni | kang kocapa Arya Damar mancal | nulya binabar layare | anuju angin timur | gya lumampah palwanira glis | kadya jaran mangêrap | ing PulembangPalembang. rawuh | tumama marang byantara | Arya Damar wus têntrêm ngadhaton adi | mulat praja kasmaran ||

Radèn Sahid Putra ing Tuban

2. Asmaradana

1. kunêng gantya kang winarni | kocapa putra ing Tuban | Radèn Sahid duk kesahe | ngabên sawung bêbotohan | kang rama pêgalpêgêl. tyasnya | tinundhung sing wismanipun | kesahe saparan-paran ||

2. yèn sampun angabên pitik | kêplèk kècèk gimêr sampak | pakumpulan samya botoh | sakathahe prabotira | têlas karya kasukan | yèn wus têlas prabotipun | murang-murung nabok tiyang ||

3. ciptane Rahadèn Sahid | pan lajêng angadhang dalan | ambêbegal pakaryane | sabên-sabên pan mangkana | yèn kalah bêbotohan | angrêbut nèng marga agung | tan ajrih rinampog tiyang ||

4. kaloka putra ing Tuban | digdaya mêjahi marga | ambêbegal pakaryane | katur mring Jêng Sunan Benang | yèn Putra Tuban mbegal | nging dèrèng katanggor iku | Jêng Sunan Benang ngandika ||

5. marang sahbat lawan murid | payo padha anggêgodha | mring bayi kang ambêk kaot | Dyan Sahid putra ing Tuban | ika kêkasihing Hyang | nanging durung antuk guru | mulane têmah ruhara ||

6. nulya mêpak sahbat murid | Jêng Sunan Benang samana | sampun ngrasuk busanane | ngagêm srêban rinenda mas | tasbèhnya sutra bara | atêkên jungkat sinêlut | kancana tunggul mutyara ||

7. jêng sunan nulya lumaris | ingiring murid sahabat | sadaya kang samya ndhèrèk | areka arsa salata | marang Mêkah samana | praptèng marga nggèn Dyan Bagus | putra Tuban kang mbêbegal ||

8. Radèn Sahid aningali | yèn wontên tiyang lumampah | têtêkên jungkat mêncorong | kancana tunggul mutyara | anulya tinututan | Radèn Sahid asru muwus | paman êndi jungkatira ||

--- 7 ---

9. dene mêncorong sun uning | yèn tan awèh ingsun rêbat | apa arsa nyuduk mring ngong | lah mara sira nyuduka | ingsun maju ing ngarsa | jêng sunan mèsêm lon muwus | jêbèng aywa salah karya ||

10. sira njaluk jungkat mami | mbutuhake wong lumampah | datan akèh pangajine | yèn sira arêmên dunya | ingsun warta kewala | lah sira ambilên gupuh | kancana intên ganjaran ||

11. ya ta punang kolang-kaling | tinuding mring kangjêng sunan | malih dadya mas mêncorong | aslaga intên mutyara | gumêlar ting galêbyar | Radèn Sahid gawok ndulu | kamitênggêngên tan ngucap ||

12. jêng sunan lajêng lumaris | dèn gawe-gawe lampahnya | anjarag wau karsane | sêmu ngêntèni kang mbegal | duk lagya saonjotan | Radèn Sahid nulya emut | ngraos lamun kaluhuran ||

13. wus pinasthi Radèn Sahid | mring Hyang Suksma Kang Kawêkas | kono prapta nugrahane | èngêt marang kaluhuran | pratandha trus kusuma | kapencut ilmu pituduh | rahmate ingkang sarira ||

14. Dyan Sahid kêbat nututi | mring lampahe Sunan Benang | tan matur anginthil bae | wus prapta madyaning wana | kèndêl Jêng Sunan Benang | angandika mring kang nusul | sira jêbèng paran karsa ||

15. anginthil ing laku mami | anusul wong arsa salat | apa arsa makmum jêbèng | Dyan Sahid matur manêmbah | mila kula tut wuntat | dhatêng paduka sang wiku | kula arsa puruhita ||

16. kapengin kadya sang yogi | sacipta kula kaanan | anuwun wêjang wiyose | kawula atur prasêtya | saking tan gadhah beya | amung pêjah gêsang katur | sumangga karsa paduka ||

17. kangjêng sunan angling aris | apa têmên jêbèng sira | nora cidra mring Hyang Manon | sira sanggup puruhita | kapengin kaya ingwang | mandiya saciptanipun | yèn têmên ya tinêmênan ||

18. nging abot pitukonnèki | wong dadi wali utama | dudu brana patukone | mung rila sêca lêgawa | tan mingsêr yèn wus ngucap | jrih ing guru sih Hyang Agung | sun tan ngandêl basa swara ||

--- 8 ---

19. yèn ora kalawan yêkti | yêktine wong puruhita | apa wani sira jêbèng | sun pêndhêm têngahing wana | lawase satus dina | yèn wani sira satuhu | jumênêng Sèh Waliu'llah ||

20. nêmbah matur Radèn Sahid | kawula sumangga karsa | tan nêdya cidra Hyang Manon | sanadyan tumêkèng lena | kawula tan suminggah | jêng sunan nulya angrangkul | mèsêm sarwi angandika ||

21. ingsun darma angsung margi | mring sira Dyan Sahid iya | sayêktine sira dhewe | ing sakarsa-karsanira | tinrima mring Kang Murba | hèh murid sahbat dèn gupuh | ki jêbèng karyakna luwang ||

22. samana Ki Jaka Tubin | pinêtak madyaning wana | wana Gambira wastane | kang pinêtak wus tinilar | jêng sunan lajêng salat | mring Mêkah sakêdhap rawuh | bakdane salat Jumungah ||

23. nulya kondur panggih murid | pan lajêng nganglang buwana | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] ||Bait 23 hanya sampai baris 2.

Babad Majapahit mung kapêthik samene bae, banjur nyandhak kawitane Sajarah Jati, jêr carita lêlakone Radèn Sahid iku uga dadi kawitane Sajarah Jati.

Surakarta, Juli l975. Kang mêthik kanggo bêbuka iki, R. Tanaya.