Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 01-16)

Katalog:Babad Majapahit, Prawirasêntika, 1901, #1836
Sambung:
1.Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 01-16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad #1533.
2.Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 17-35) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad #1534.
3.Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 36-49) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad #1535.
4.Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 50-60) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad #1536.
5.Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 61-70) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad #1537.
6.Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 71-83) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad #1538.
7.Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 84-97). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad #1539.

Babad MajapaitJudul tambahan redaksi.

1. Dhandhanggula

1. srinrangkarasinarkara. sinawung mêmanis | amurwani gèn patikbra nêrat | sêrat babat kêng kacriyos | Prabu Kêncanawungu | kêng jumênêng ing Maospait | ing wanci jam sawêlas | Suma ping trilikur | sasi Mèi sinêngkala | surya ilang teruse ing sanubari |Sengkalan: surya ilang teruse ing sanubari (23 Mei 1901 A.D.). dene sêngkalan Jawa ||

--- [2] ---

2. ari Kêmis Wage tanggal Wukir | wulan Sapar warsanira Êdal | Mawulu paringkêlane | wukune Watugunung | sinêngkalan tibaning mangsi | rupa gêni ing madya | DamarwulanSengkalan: rupa gêni ing madya Damarwulan ( 3 Sapar 1831 A.J.). laju | jumênêng nèng Majalêngka | wit katrima karsane rêkyana patih | sira Sang Maundara ||

--- 3 ---

3. kang jinêjêr ing wiyosing tulis | ring Sang Maha Prabu Brawijaya | Hayamwana jêjuluke | Kêrtawijaya Prabu | kang bawani ing Majapait | narendra binathara | kasusra rat punjul | para raja samya brata | angabêgti ing Narendra Majapait | kinasihan jawata ||

4. sri narendra pan adarbe siwi | kênya juga ayu warnanira | Dyah Kêncanawungu juluke |Lebih satu suku kata: Kêncanawungu juluke. sêdhêng birainipun | sêdayane sampun mêpêki | sêmana sang arêtna | kawêntar rat punjul | sakèh raja samya nglamar | datan purun tagsih momong sarirèki | datan sênêng mring priya ||

5. sasurute kang rama sang aji | sang dyah nulya pan jinunjung dadya | narendra gêntos ramane | apan wus lumêstantun | lir Sang Maha Brawijaya di | ngrênggani Majalêngka | kasub ing rat suyut | maha sang prabu wanodya | wus kalilan ing sang hyang maha dewa di | jinurung Sugsmanôngsa ||

6. Hyang Jaya Samba Kanekarêsi | pra jawata umung mèstudeya | widadari tumrun kabèh | kala umadêgipun | prabu kênya ing Maospait | silih nama Ratu Mas | Dyah Kancanawungu | rêtna di sasotyaning rat | dhasar ayu kinamulèn widadari | lir sarining purnama ||

7. mangendralaya [...]manggih | ingkang mèmprê sang sêsotyaning rat | tuhu batharaning sinom | prabu kênya sang ing rum | datan kêna rinênggèng

--- 4 ---

kawi | mêmanon ing buwana | mangkana winuwus | Kyana Patih Maundara | sakêlangkung kaprêm ing puja sêmèdi | kocap angraga-sugsma ||

8. lumuh angolah ing kramaniti | datan pêgat bêntur kasutapan | angêdohi praja rame | kajuwatan rinasuk | pan ing mangke sampun gumingsir | palênggah kêpatihan | ari gumantya wus | Patih Lugêndèr Dipatya | kang gumantya ing rama Seta Kumitir | Dyan Arya Simping dadya ||

9. mujanggani kabupatèn carik | wus kagantyan Radyan Layangseta | ya ta malih winiraos | Maundara winuwus | wus murcita kados tan pêsthi | winulat ing manungsa | katrimèng dewa gung | pan sampun asilih nama | akêkasih Hyang Bêgawan Tunggulmanik | abrotaabrôngta. Hyang Wisesa ||

2. Asmaradana

1. tulusa panjênêngan aji |Lebih satu suku kata: tulus panjênêngan aji. ratu mas sêsotyaning rat | langkung luhur kêratone | kasub ing rat pramuditya | têpung ing kina-kina | jangkane kang para nujum | myang pandhita kang mrêtapa ||

2. besuk ana ratu èstri | jumênêng ing Majalêngka | suka bungah sagunging wong | murah sandhang lawan boga | singa tinanêm dadya | ardi wana têmah dhusun | desa apindha nêgara ||

3. bèbèk ayam kêbo sapi | gumêlar anèng pangonan | tanpa kandhang sing arjane | diwêgdal dadya lampahan | maha sang prabu rara | ing

--- 5 ---

sabên-sabên kawuwus | dènira miyos sineba ||

4. yèn kalanira tinangkil | munggwèng sitinggil kasongan | witana di rirugmabyor | pinarak dhampar kancana | pinatik nawa rêtna | sarta ingayap pararum | samya ngampil upacara ||

5. dhasar samya ayu luwih | apêngawak lindhu sêkar | sarya bisa awèh wirong | ngambar samya nganuhara |manuhara. sri nata ayu ngraras | lir apsari swarga nurun | wimbuh akarya la-êla ||

6. ginarêbêg para cèthi | miwah kang para biyada | supênuh èbêg punang wong | palawija anèng ngarsa | bule pandhak palangkan | cebol bucu wandhan jamus | miwah lare kakesodan ||

7. lare wungkuk bajang wujil | lare sukun dhampit bêlang | pindhoan lare kabirèn | jajarannya tundha sapta | apan samya wanodya | têbih kang prawira kakung | sèwu sisih amêlatar ||

8. pinrakira sang adèwi | mawi langse tundha sapta | samya sinulam rukma byor | palisir sinêla-sêla | kinêmbang ing hèrnawa | amyarsujyarna sumawur | lir raras Junggring Sêlaka ||

9. wimbuh ring sangsaya wingit | tan kaègsikaèksi (dan di tempat lain). balatôntra | kacatur sang prabu sinom | darbe kêkasih wanodya | kinadang sri narendra | de parabira arum |Kurang satu suku kata: de parabanira arum. putrane Dipati Daha ||

10. awasta Dyah Rarasati [Ra...]

--- 6 ---

[...rasati] | bêsus yèn olah wiraga | wasis sêbarang karyane | rampung sandining sasmita | gandhang sèdhêt prasaja | tan liyan sinawung têmbung | amung Rêtna Rarasatya ||

11. ing sang maha prabu dèwi | mênggah pasang rèhing praja | datan sumiyèng ngarsane | sor-soranira sêkawan | putrane adipatya | anênggih ingkang rum-arum | Rêtna Dèwi Citrasmara ||

12. kalih Rêtna Citrawati | tiga Rêtna Widasmara | dene ingkang sêkawane | Rêtna Widawati Sang Dyah | tansah sumiwèng ngarsa | myang lurah pawonganipun | Sêpêtmadu lan Wilaja ||

13. tansah mong karsaning Gusti | ya ta sagung pra biyada | pra sarimpi pingitane | manggung tênapi bêdhaya | tarap munggèng ing ngarsa | pating parêlok dinulu | luhur-linuhuran raras ||

14. kêprabon sikêping jurit | panah dhadhap rêngkran dênta | tan têbih lan prabu sinom | dene sagung kang sumiwa | andhèr ing pagêlaran | para raja pra tumênggung | dipati lan para menak ||

15. myang dêmang rôngga ngabèi | kandhuruhan srinangsraya | lan para raja jare |Kurang satu suku kata: lan para raja jajare. tôndha mantri pêngalasan | kalang gêdhong mêlandang | para buyut lawan êmpu | Dipati Lugêndèr ngarsa ||

16. kêlawan Dipati Tubin | kering Dipati Sindura | Menak Koncar pan jiwane | sinambungan para nata | Raja Ngriyo [Ngri...]

--- 7 ---

[...yo] myang Gêdhah | Raja Johar Jambi Prabu | Tatar Raja Sri Palembang ||

17. Raja Minangkabuwin |Kurang satu suku kata: Raja Minangkabu tuwin. Raja Prêtani Sri Siyak | Raja Bugis lawan Rajèng | Lampung Raja Sokadana | Raja Kêling Sri Wandhan | atênapi Sang Aprabu | Têrnate lan Ngambon Raja ||

18. Sri Bandhung lan Rajèng Bali | Madura Raja Balega | Sumênêp Mêkasar Rajèng | atênapi Pamêkasan | Bupati Majalêngka | pangagêngnya kang winuwus | sira Rôngga Minangsaya ||

19. kêlawan Menak Giyanti | Kumitir lan Layang Seta | Arya Sasimping jajare | sagung ingkang siniwaka | tinon aneka-neka | kadi ta prawata santun | lir wana karêmbun môngsa ||

20. sangsaya minuni sari | myang lungiding prênadèng rat | kêbêg supênuh gunging wong | wong Sabrang wor wadya Jawa | pasisir môncapraja | sangking mandrawa dinulu | lir sêgara rob bêlabar ||

21. kang wênang ngambah sitinggil | lawan wadyabala kusya | mung Rêkyana Patih Lugêndèr |Lebih satu suku kata: mung Rêkyan Patih Lugêndèr. anampèni karsaning dyah | sabên-sabên mangkana | yèn miyos sang nataning rum | rêkyana patih ngandikan ||

22. miwah Rêtna Rarasati | dinangu solahing praja | miwah sawadyabalane | pradata ing rèh ruhara | rêntêng padhanging tindak | tanapi darganing mungsuh | suh sirnaning kawêndakan ||

21. kocapa [ko...]

--- 8 ---

[...capa] sampun alami | sampun andungkap sawarsa | jumênêngnya prabu sinom | pra raja ing Tanah Sabrang | wus samya abubaran | sêdaya tinundhung mantuk | pra ratu môncanêgara ||

22. undure para bupati | para raja kang sewaka | datanapi para sinom | kang mungging ing ngarsaning dyah | Lugêndèr Kyana Patya | wus samya lèngsèr sêdarum | malih mangsuli carita ||

23. Ki Rônggalawe ing Tubin | nênggih putrane têtiga | pan wanudya pêmbajênge | ingkang kêkalih satriya | patutanira lawan | putri Lumajang sang ayu | Rêtna Dèwi Banuwatya ||

24. ingkang wanudya kêkasih | Rêtna Sêkatiutama | lir kêncana pamulune | rêspati dêdêg sêmbada | wasis sêbarang karya | gandhang sabda pasmon ruruh | lir putra Ngastinalaya ||

25. panênggak Buntaran pêkik | alungit pasang graita | akarya brôngta kang tumon | kang anom Radèn Watangan | sigit kaduk baranyak | kêkalihira sang bagus | wayahe Jaka Kumala ||

26. ya ta kang kinôndha malih | wong agung ing kapatihan | Sang Adipati Lugêndèr | têtiga atmajanira | kang sêpuh Layangseta | Layangkumitir panggulu | kalih sami andêladag ||

27. dhasar putrane ngapatih | tur angsal sihing narendra | mêdanani

--- 9 ---

wôngsa ing jro | nora pati yèn bagusa | bêsusira ngayangan | rada ambêdhah dêlanggung | tur dadi pangewen-awan ||pangewan-ewan.

28. kakudangannya ki patih | salah sajisiji. putranira | ciptane dèn magangake | ratu mas sasotyaning rat | pirangbara ing benjang | angginyêri sirahipun | wong sanagri Majalêngka ||

29. mila radèn arya kalih | atingkah sawênang-wênang | nêrajang landhêp pamore | gêlar ambêg kumawawa | bèr budi sugih bala | pradhah kapara ing sanggup | dora winor nitikrama ||

30. rinapêtan adu manis | panastènira kalintang | sinangkan ing nalar rèrèh | bara-bara dadi karya | sêsamaniresêsamanira. ngabdya | datan sêpi pamrih luput | ginêtak tindaking praja ||

31. jaile sinamun lungit | lungide kinarya-karya | lumuh nganggur kurang gawe | warujunipun wanodya | ran Dèwi Anjasmara | yêkti dadi sêkar kidung | biyadane kêpatihan ||

32. dhasar ayu dèn padèni | ingugung marang sudarma | têka dadi pêpantêse | sêmbada wasis ing karya | rampung sandining sastra | basaning kawi wus putus | gulangane timur mula ||

33. Ramaya gada balik |Kurang satu suku kata: Ramayana gada balik. wiwaha lan Bomataka | myang kawi Pandhawa lare | Sasrabau Krêsnaputra | sang dyah pragat [pra...]

--- 10 ---

[...gat] sêdaya | tan ana kawi kang luput | miwah yèn tilawat Kuran ||

34. pasekat syararum manis | trampil wilêding kalimah | datan pot limang wêgtune |wêktune. tangat tênapi puasa | tuhu brôngta Hyang Sugsma |Suksma (dan di tempat lain). tan lali pêmbathikipun | nênun renda angêmasan ||

35. punika sinambi nyungging | anyongkèt angalu alam | tênapi nênun limare | sadina olèh rong kêbar | ngantih alit anulam | mêrada anênun kuluk | pratistha tanpa dondoman ||

36. dhasar ratuning winasis | bêsus olah kawiragan | gandês luwês salewane | dhasar rêmit karya rimang | kulina andon sêkar | minging saparanira nrus | jêbat kasturi tan pêgat ||

37. gônda wida nora lali | tinoyanan ing hèr mawar | gêrahuyang sarirane | nora baburat saêjam | biyada kêpatahan |kêpatihan. singa mulat kathah bingung | cacade amung satunggal ||

38. ing têmbe yèn wus akrami | tan kêna winayuh ing dyah | agêdhe butarêpane | abot sinôngga ing priya | nora kêna kumingkang | têlike sinungsun-sungsun | anging utamane rumat ||

39. amêmantês mamêdèni | anyukupi sumèh sumrah | sok aja winayuh bae | sêdene sinêlirêna [si...]

--- 11 ---

[...nêlirêna] | Kusuma Anjasmara | mendah ta panjênggitipun | gliyak-gliyak linampahan ||

40. bêjane kang anglakoni | tan bisa mangsuli trisna | nanging cupêt pêsabane | môngsa nora binondhetan | awrate darbe garwa | eman manise yèn putung | gandhange yèn pêlarasan ||

41. owêl yèn dlèrènge runtik | srèrèh kêmpyange yèn kesah | tur yèn nyuda gumrininge | sapa baya ngêlipurna | yèn runtik Anjasmara | ngèngèhane kali gunung | yèn banjir môngsa dangua ||

42. mila kang rama langkung sih | gumatènira kalintang | tur pradhah barang karsane | sudarma nora cumêngah | mila ciptaning rama | kaugung sakarsanipun | pinangkur ing ibu rama ||

3. Pangkur

1. kawarnaa Bêlambangan | Menakjingga datan bisa tinangkil | mring nêgari Majalangu | balela pangabdinya | tur rumôngsa ambangkat mukul ing mungsuh | pan sampun angsal sawarsa | dènira datan sumiwi ||

2. akathah sêngadinira | mung rerehanira kang sami nangkil | mring nêgari Majalangu | wênèh ana tan seba | ya ta sarêng tinundhung sing Majalangu | apan ta lajêng kewala | dhatêng Bêlambangan sami ||

3. dene sagung para nata | wus kapanggih anèng Bêlambangan sami |Lebih satu suku kata: wus kapanggih anèng Blambangan sami. saha

--- 12 ---

bala sakuswa gung | sira Sang Menakjingga | langkung suka wus dadya ingkang pirêmbug | siyang dalu akasukan | arsa gêpuk Maospait ||

4. ngandêlakên kadigdayan | awak-awuk adigung tur sinêgti | linulu ing dewa agung | sira Sang Menakjingga | pan prênyata rerehane para ratu | pra dipati para menak | kabuyut para ngabèi ||

5. kathah kadang priyôngga |Kurang satu suku kata: kathahe kadang priyôngga. sanak prênah kang paman bapa kaki | kang liya ingambil mantu | kaipe kasêntana | kambil besan wênèh sinung garwa ayu | pinikat ing bojakrama | kèdêg kèlês ing kasêgtin ||

6. prênyata Sang Menakjingga | ambêg rusuh sura brangasan êdir | tan kêna pinadhan sanggup | saadêg tur saênyat | parapisuh paratangan kêprak-kêpruk | dene kang nunggil kulina | ingakên sudara-wèdi ||

7. kinulit daging winor byat | pradhah sanggup saênyat tur sayêgti | apan mari-mari yèn wus | ngèstudingèstuti. pada deya | saya kathah wong wetan kang sami nungkul | gilig ngrêmak Majalêngka | kapindho kang pra dipati ||

8. dhasar jrih mring Menakjingga | ping tigane kang dèrèng nyuwawèni | parentahing Majalangu | kang mijil kyana patya | Adipati Lugêndèr kèh manah kuwur | tangèh manggiha utama | kanisthan kasrambah dadi ||

--- 13 ---

9. kagiri magora godha | tur candhala tur têpung laras budi | gèsèh larase lan ratu | tan panggah pambêging tyas | kumalungkung ing wêweka kurang putus | ngêndêlkên pusakaning rat | binapa-bapa ing gusti ||

10. katêmu pirang prakara | ratu èstri wignya gulêt lan dasih | pangragoh pangrowa wuwus | sêdene wadya ingkang | sêca tuhu kakêning rèh tan ayu |Kurang satu suku kata: sêca tuhu kakêning rèh tan rahayu. tangèh katur ing narendra | sêdene kang lara ati ||

11. mangunêg-unêg ing praja | sri narendra mendah kêlamun mègsi | ji kumbala ingkang matur | rèh ratu binathara | kèrêm ujwala adi nugsmèng dewa gung | mangrêsêp mulyaning jagat | sumingkir ing rèh tan yêgti ||

12. kuwur tinawar ing praya | ingkang mijil kang lumrahing apatih | angsring kathah nalar kungsul | glar arja têmah rusak | wus kawayang dudu traping bôngsa luhur | kèh wadyahwadya. salah graita | tan têpung larasing gusti ||

13. mila sagung rerehannya | Menakjingga ènthèng sêtyaning gusti | ing kramaniti pan bingung | antêpe asar-saran | sosrah kisruh kuwuring tyas têmah nglulun | têmah bana balik sungsang | Menakjingga kang ginusti ||

14. malih mangsuli carita | Menakjingga Sang Hyang Pamênggrê siwi | pinuja atêguh timbul | anging ta pinanjingan [pina...]

--- 14 ---

[...njingan] | kumarane rasêgsa sang raja diyu | wimbuh adarbe pusaka | wêsi kuning dhapur bindi ||

15. pinanjingan Sang Hyang Brama | pan prênyata nguni dhapur ingungsi | sing ajrih Sang Hyang Wisnu |Kurang satu suku kata: sing ajrih mring Sang Hyang Wisnu. ing sapta-sapta janma | nora kongkih mangrurah krodha mapikut | sor kèlês ing kabudayan | mawanti mangkrak katitih ||

16. nèng saptatala kabêdhag | madyapada wanti-wanti kapilis | nèng triloka kosik kawus | ngariloka kabuncang | bandan dewa wiguh krodhanya tan pangguh | nèng suralaya kabrêbah | sêdene manungsa jisim ||

17. gora rèh kagiri kentas | mila mangke manjing ing wêsi kuning | pangluput wong têguh timbul | mila kang sêgti ywana | ponang bindi pênuh dènnya makan ratu | miwah prajurit wudhu prang | tanpa wilangan kapilis ||

18. wêwasi kèh pinêjahan | guntung-guntung manguyu makan bêsi | rèh mayangi tyas kêlangkung | kalimput ing sukarda | tuwin Rêsi Pamênggrê tansah pitutur | ing atmaja Menakjingga | agèdhèg nora prêduli ||

19. Hyang Pamênggrê kawlas arsa | pangucapnya sang tapa ngasih-asih | kang putra tansah rinangkul | sinungan erang-erang | têpa tladha ing kina kang para ratu | miwah kang para dipatya | kang sampun dados palupi ||

20. kang nistha padyamadya. utama

--- 15 ---

| tur jinatèn sabda ingkang piningit | kênyataan ing dewa gung | lan wahyuning narendra | rèhning bala-kuswala samya tinutur | sang wiku sarya mangrêpa | dènnya pitutur mring siwi ||

21. Menakjingga tansah nyêntak- | nyêntak sugal wuwusira mawêngis | sudarma tan kenging muwus | tansah sinêngap-sêngap | yèn ajaa sudarma mêsthi pinukul | Hyang Pamênggrê nglênggrê mulat | tinundhung mantuk ing wukir ||

22. Hyang Pamênggrê sru sungkawa | langkung dene kapita èsmu tangis | byating wong adarbe sunu | têmah amurang krama | nêngèng wiyat umatur ing dewanipun | hèh juwata ingkang mulya | Menakjingga suta mami ||

23. sungana manah raharja | Hyang Narada angsung swara dumêling | hèh Pamênggrê mitraningsun | sayêgti datan kêna | budi andhap lawan bêbudèn kang luhur | pinintakakên ing liya | wus ganjarane pribadi ||

24. lamun ta Si Menakjingga | darbe sêdya maminta ing Sugsma di | ing bêbudèn kang rahayu | sayêgti pinaringan | aja sira salah cipta ing dewa gung | sang Hyang Pamênggrê karuna | gya mantuk dhatêng ing wukir ||

25. ing mangke Sang Menakjingga | silih nama ran Prabu Urubêsmi | siniwi kang para ratu | miwah kang para menak | dêmang rôngga dhaèng

--- 16 ---

lan para tumênggung | mantri prajurit bêlabar | lir sêgara tanpa têpi ||

26. pêpatihira sang nata | Angkatbuta Kotbuta angajrihi | kalih samya suranipun | tur kalih sami sanak | kêmbar mendha Dumragsa Kampana diyu | têguh timbul widigdaya | sumewa ngarsaning gusti ||

27. datansah asewa gora | para raja aglar munggèng ing kursi | Dewata Karajèng Bandhung | Sumênêp Dewa Sraya | Sri Dewa gung Walikrama Rajèng Wangsul | Sang Bathara Basutôntra | Mêkasan Madura Aji ||

28. Raja Dewa Baudhêndha | Dewa Jarumaka Sang Raja Bugis | Dewa Prêlagi Sang Prabu | ing Kêling Maharaja | Dewa Danurwenda ing Balega têpung | anênggih ing Pakacangan | Menak Prêmangsul Dipati ||

29. ing Wajak Menak Calunthang | Menak Cruring Dipati ing Wêlèri | Panatasingron Tumênggung | nênggih ing Pajarakan | Menak Wilôntaka ing Gêmbong sumuyut | Menak Pangsêng Pasuruan | Menak Panuntung ing Bangil ||

30. Radyan Menak Jayalana | Prabalingga malih Sang Adipati | ing Trênggalèk sampun nungkul | Dyan Arya Menak Sopal | para raja para menak pra tumênggung | anigan sapêtarangan | gilig rêrêmponing jurit ||

31. kantun dipati satunggal | ing Lumajang mogok madêg kang

--- 17 ---

baris | Radyan Menak Koncar pêngkuh | nadyan têkêmanira | Menak Koncar apan ta sayêgkti purun | jajahan nagri ing Daha | kathah nungkul pra dipati ||

32. kagyat Dipati Sindura | Bêlambangan ing mangke madêg aji | bawahira kathah têluk | rumôngsa lamun tiwas | ingabdèkkên dadi tanggulanging pupuh | sakêlangkung dukanira | tan sêdya mundur ing jurit ||

4. Durma

1. siniwaka sira Dipati ing Daha | anèng ing Pancaniti | aglar kang punggawa | miwah kang pra sêntana | Patih Kêbo Gêdhah ngarsi | samya siyaga | sasikêping ajurit ||

2. sang dipati jaja bang lir balêdhosa | kêdah anglanggar jurit | dhatêng Bêlambangan | mangkat sami sêkala | kasaru wau kang prapti | dyan Menak Koncar | sigra dènnyatur bêgti ||

3. Sang Dipati Sindura kagyat tumingal | tandya ngancaran aglis | Arya Menak Koncar | riwusnya tata lênggah | gêpah Sang Sindura angling | lah paran karya | sira gêpah sun ègsi ||

4. awotsêkar Radèn Arya Menak Koncar | amba atur udani | uwa mring panduka | ing mangke Menakjingga | samêgtasamêkta (dan di tempat lain). atata baris | sarerehannya | saha raja sêdasih ||

5. apan silih sampun anama narendra | ran Prabu

--- 18 ---

Urubêsmi | sumêdya mangrêmpak | nêgari Majalêngka | sêdaya wus sami balik | sagung pra menak | ya ta sang adipati ||

6. sarêng myarsa aturira radèn arya | talingan lir sinêbit | panabdanira kras | lidok Si Bêlambangan | dyan kinèn têngara jurit | Ki Kêbo Gêdhah | gêpah nungkêmi nangis ||

7. dhuh gustiku pukulun tuwan lèrèha | Dyan Menakjingga sêgti |sêkti (dan di tempat lain). bala yutan wêndran | kainan mapag ing prang | ngantosa para bupati | myang para menak | sêdhêng umangsah jurit ||

8. lawan malih pukulun dèrèng tur wikan | mring maha prabu dèwi | sampun tuwan mangkat | prayogi tur uninga | kang lumampaha kariyin | sarta mêpêka | kewala ponang baris ||

9. sêdhêng pêpak kang bupati para menak | nuntên sudhiyèng jurit | mênggah sang dipatya | tansah angusap jaja | kumrêrot kang waja gathik | sira dyan arya | umatur awotsari ||

9. kangjêng uwa lêrês ature pun bapa | apan yogi rumirih | lêrês tan wande prang | nanging ta amrih mênang | pintên dangune wong mati | yèn pandukarsa | unggul ing prang kang pinrih ||

10. sang dipati wus sarèh ing dukanira | karya nuwala aglis | ponang duta mêsat | miwah kang pajinêman | pan sampun [sampu...]

--- 19 ---

[...n] sinêbar sami | paring uninga | dhatêng môncanêgari ||

11. mêne gênti ing mangke kang kawarnaa | nênggih Sang Urubêsmi | pan sampun utusan | pêpatih kang umêsat | saha sêrat kang katur mring | sang prabu rara | dhapur bun-êbun enjing ||

12. sarta nungkak wong agung ing Bêlambangan | ciptanira ing galih | lamun wus kêtampan | laju angadêg pisan | jumênêng ing Maospait | lamun katulak | lajêng gêcak nêgari ||

13. mila ingkang pramèswari para garwa | sagung kang para sêlir | binêgta sêdaya | tuwin kang para raja | sami bêgta garwa gundhik | mangsa wurunga | anyakup prabu dèwi ||

13. kang sinêdya abaris anèng Lumajang | wus bodhol saha dasih | bala wêndran yutan | jurang maalas-alas | kèdêg kèlês gunging dasih | atêmah ratan | samarga angajrihi ||

14. rowak-rawuk prajurit ing Bêlambangan | angsal sêngajèng gusti | samarga ngêrayah | aran wong golo-gothang | bajo-barong orak-arik | wong gathu-gara | jurang-gathu mangiyip ||

15. macanambal carukdhênggung surarayah | lawan wong cukilmanik | rujakpolo lawan | sarubêthot sumahab | asikêp ganthol cêmpuling | gêrènèng canggah | papênthung myang suligi ||

16. tangèh lamun [la...]

--- 20 ---

[...mun] kinôndha wong Bêlambangan | tan kawarna ing margi | wus prapta Lumajang | sarêng lan Menak Koncar | sangking nagri Daha prapti | amapag ing prang | sangking kitha mêdali ||

17. anging para garwa pra sêlir sêdaya | wus dèn ilokkên sami | rumaos tan bangkat | suwung sajroning kitha | anak rabi sami ngili | janmane lanang | kêrig umagut jurit ||

18. wong Lumajang gêgamanira rong nêmbang |nambang. rong biting nitih wajik | samya gêgangsingan | ingaran truna-lanang | tutate tinumbak milir | tinatah mêndat | kawan dasa kinanthi ||

19. mring dyan arya samarga samya bêg pêjah | sampun angayun jurit | rame long-linongan | mungsuh kalawan rowang | bêrêg-binêrêg mapanggih | samya sudira | tan ana ngeman pati ||

20. baris wetan makêthi mayuta-yuta | dhasar mangrobi tandhing | mangilês mangidak | rok biring caruk pêdhang | kumrapyak pating carêngkling | swaraning surak | lir udan sinêmèni ||

21. tambur awor kêndhang munya sauran |Kurang satu suku kata: tambur awor kêndhang munya sêsauran. bêgor kang bêndhe bèri | akuwêl dènnya prang | kèkèt jambak-jinambak | sawênèh agênti kêris | dugang-dinugang | rame banting-binanting ||

22. Menak Koncar wuru gêtih saya nêngah | sarwi sikêp jêmparing | ngamuk nèng turôngga | têguh sakudanira | pun jatha suranya mijil | ulêsnya krêsna |

--- 21 ---

sukunya panggung putih ||

23. galak naut ing mêngsah pagas matatas | radyan numbak manitir | lawung lir kitiran | singa katrajang bubar | sinosog ganjur tan osik | sira dyan arya | singa sinêrang mati ||

24. wus caruk wongwor. tanbuh mungsuh lawan rowang | wong Lumajang kèh mati | sasisaning pêjah | lumayu asar-saran | dyan arya ngamuk mangungkih | lan truna-lanang | tan pasah dening biring ||

25. saya sayah dyan arya dènira aprang | sêgsana angunduri | sarya pinetaran | wadyane truna-lanang | siji nora nana gingsir | mung kudanira | akathah ingkang mati ||

26. wus ingungsir rahadyan saparanira | lumêbèng ing wanadri | langkung kasayahan | mundur ngurugan bathang | marga ingkang sami ngungsir | pan wus katilap | ngalor lampahing baris ||

27. mring Lumajang sapraptanira ngêrayah | gègèr kawula alit | Prabu Urubêsma | ngêbruki ing jro kutha | para nata magrêsari | abêbarisan | lir samodragni ngalih ||

28. wadyanira ambêlabar kering kanan | saya ngobong-obongi | gantya kang kocapa | Kotbuta Angkatbuta | raina wêngi lumaris | untap-untapan | duta Sindura mijil ||

5. Mijil

1. kawarnaa kang miyos tinangkil | prabu ruming sinom [sino...]

--- 22 ---

[...m] | mênggêp munggèng ing siti inggile | kasongan witana di rinugmi | pinrak dhampar gadhing | rinênggèng mas murup ||

2. sarya ingayap pingitan cèthi | munggèng ing kêkabong | Rêtna Rarasati ing ngarsane | Citrasmara miwah Citrawati | Widasmara tuwin | Widawati ngayun ||

3. Sêpêtmadu Wilaja tinuding | gya lumêgsanalon | animbali Ki Patih Lugêndèr | praptèng ngarsa ngandika sang dèwi | paran kang pawarti | bapa milanipun ||

4. Menakjingga sawarsa tan nangkil | apa kang suwados | awotsêkar Ki Patih Lugêndèr | gih kawula amirêng pawarti | kêdah madêg aji | gêmpur Majalangu ||

5. tan rumaos gusti lamun abdi | angrêbat kêraton | anging dèrèng miyarsa yêgtine | wong dagang layar gusti sampun wradin |Lebih satu suku kata: wong dagang layar gusti pun wradin. pawartosnya sami | Menakjingga purun ||

6. prabu rara duk miyarsa warti | anulya nuding wong | kinèn bêgta nuwala dèn age | marang Tuban katur sang dipati | kasaru kang prapti | duta kalih sampun ||

7. sarta mundhi ingkang punang tulis | katur prabu sinom | sangking Adipati Sindurane | ri wusira winaos kang tulis | yata bêbukaning | nuwun wiyosipun ||

8. amba gusti pan anuwun runtik | sangking tiwasing ngong | dene [de...]

--- 23 ---

[...ne] sangking anjagi prajane | katiwasan amba tan udani | Menakjingga gusti | mangke madêg ratu ||

9. ing Blambangan sadaya para ji | pan sampun agolong | karsanira gêpuk nagri mangke | mila ulun pan angsung udani | titi punang tulis | nuwun agsamèngsun ||

10. sasampuning gênti ingkang tulis | gênti kang wiraos | Angkatbuta lan Angkotbutane | sampun manjing anèng jawi puri | gègère ing jawi | wontên buta rawuh ||

11. ponang duta kinèn animbali | prapta ngarsa katong | apan sarwi bêgta nuwalane | nging tan suka tinampan ing patih | Dyan Seta Kumitir | kalih ngingrê dhuwung ||

12. sarya dhêsêg dènira alinggih | kalih mring dutèng wong | Layangseta mrêdapa linggihe | asta kiwa ngusap-usap rawis | kang têngên mipit kris | akras dènnya muwus ||

13. hèh Kotbuta apa bosên urip | apa kudu nglamong | nora suka kang sêrat tinampèn | amangsuli Kotbuta saryandik | ulun tan tinuding | mring ramanta tuhu ||

14. dinuta mring sang narendra putri | surat kinèn nyaos- | akên sarya tinampenan dhewe | onêng mring sang maha prabu dèwi | orêg kang jajari | majêng baris têpung ||

15. lir

--- 24 ---

angugar Dyan Layangkumitir | myarsa grêgêting wong | pun Kotbuta cinandhak baune | prabu rara mèsêm jroning galih | langsenya kawingkis | gumêbyar kadulu ||

16. pun Kotbuta dinuking tingal mring | prabu ruming sinom | sagêbyaran gumêtrê ragane | manah anglês karingêtnya mijil | lir krêtas winanting | sêmunya anjêntung ||

17. mukanira lir konjêm ing siti | pan sarya dharodhog | kang nuwala gya ingaturake | mring kya patih gya mangarsa aglis | Rêtna Rarasati | nampèni sastra wus ||

18. ya ta angandika arum manis | maha prabu sinom | yayi dèwi wacanên dèn age | layanging wong kang apagsa luwih | Dèw Rarasati | manugsma sastra wus ||

19. nora paja kawêntaring lathi | ya ta kang wiraos | wusing sêmbah ing mangke dyah anggèr | Menakjingga wus amadêg aji | Prabu Urubêsmi | bumintara kasup ||

20. arèntah samining nrêpati |Kurang satu suku kata: aparentah samining nrêpati. wudhu ing palugon | sarta paran yèn parêng nah anggèr | Urubêsma suwitèng jinêm mrik | owêl lami-lami | lêlamban sang ing rum ||

21. mamundhuta sajong sabêdhati | kawula sumaos | pèni-pèni raja-pèni anggèr | guru bakal ingkang [ing...]

--- 25 ---

[...kang] guru dadi | paran kang dadyègsi | dasihe sumugun ||

22. tan sumingggah sapamundhut gusti | Sri Bêsma atanggon | sarta pantês akathah wignyane | toging prana kenging dipun tagih | kawula wong sêgti | wudhu ing apupuh ||

23. yèn panduka tan arsa ing mami | Urubêsma abot | datan wande anglanggar jurite | dados karang abang Maospait | tur tan wurung panggih | sri nata kêcakup ||

6. Sinom

1. Rêtna Dèwi Rarasatya | sawusnya amaos tulis | waspa drês tumibèng jaja | kang sêrat sinêbit-sêbit | dyah matur awotsari | suraos tan yogi konjuk | dhapur sawênang-wênang | anglamar paduka gusti | prabu rara mèsêm sajroning wardaya ||

2. nora talah Menakjingga | bisa timên anglakoni | dadi wayanging juwata | wusana sang prabu dèwi | ngandika mring kya patih | kinèn magêlaran gupuh | sang dyah têdhak sing dhampar | sarwi riyak tibèng wuri | prabu rara wus kondur mring dhatulaya ||

3. kyana patih magêlaran | prayitna sagunging nangkil | sira Katbuta Kotbuta | wus ajêng-ajêngan linggih | tandya pawongan mijil | Wilaja lan Sêpêtmadu | matêdhakkên nuwala | mawi ulês tluki kuning | dhatêng Tuban [Tu...]

--- 26 ---

[...ban] tuwin wêwangsul ing Daha ||

4. myang sasêbitan nuwala | ya ta wus tinampan sami | wangsul Ni Sêpêt Wilaja | Dyan Layangseta Kumitir | sêbitan nuwala glis | kinêpêl binanting mawut | anèng ngarsaning duta | riyak sarwi ngusap rawis | Dyan Kumitir nêpsune tan kêna ngampah ||

5. mring Ki Rôngga Minangsraya | miwah mring Menak Giyanti | Kumitir pêgsa anacak | mring Buta Kotbuta Patih | datan kawrat ing kapti | mulat ingkang pêgsa digung | ring sang duta sudira | apasang dènira linggih | pêgsa nêsêg rakite wong Majalêngka ||

6. grêget-grêgêt Angkatbuta | lir ditya anaut jalmi | orêg wong ing Bêlambangan | sêdya arêrêmpon jurit | ya ta sang adipati | Lugêndèr alon amuwus | duta sira muliha | sang nata datan mangsuli | umatura sasmita ajuring sastra ||

7. Katbuta Kotbuta mêsat | asêndhu dènnya lumaris | kuncanira anêrampat | kya patih dènira linggih | sawadyanira sami | asugal sasolahipun | angajab dadining prang | ing alun-alun wus mijil | tandya budhal dêdamêling Majalêngka ||

8. wolung atus jêjaranan | samarga ngobong-obongi | singa kamargan rinayah | padhusunan marga tapis | nêngna

--- 27 ---

kawarna malih | duta nagri Daha sampun | sinung wêwangsul mêsat | nuwala kang dhatêng Tubin | Arya Simping ingkang bêgta gêgancangan ||

9. kocapa Dyan Menak Koncar | kang têtruka ing wanadri | ing sagarwa sêlirira | sagung wong kang sami ngili | ngumpul dadya satunggil | wus rinakit bitingipun | wus tigang dalu dènnya | anèng têngahing wanadri | cinarita radyan dalu lampah dhustha ||

10. rong puluh wong trunalanang | kang kinèn atêngga biting | sêpalih tumut rahadyan | mring Lumajang nyidra pati | nuju Sang Urubêsmi | mêntas abubaran nayup | ya ta kaparêng nêndra | Menak Koncar anglêbêti | kalih ingkang binêgta wong trunalanang ||

11. dene ingkang kathah-kathah | wus pininta-pinta kardi | nyiluman ing prênah samar | pangamuknya kinèn nganti | marang Rahadyan Mantri | yèn wus karuwan kapangguh | anigas Menakjingga | a[...]suwarèng dasih | trunalanang rong puluh kinèn [...] ||

12. dyan mantri amping-ampingan | wu[...]sang Urubêsmi | angaglah dènira nendra | [...]nèng kasur sari | wus awas radyan mantri | wadya [...]kinantun | Menak Koncar nêrajang | Uru[...]kahi | sinudukan eca angorok [ango...]

--- 28 ---

[...rok] kewala ||

13. mukane cinacah-cacah | tan pasah datan ngulisik | netranira ingurêgan | gumilir tan mawi osik | sêmana amarêngi | Sang Prabu Bêsma ngalindur | radyan arya malumpat | ngêjlogi pawongan guling | samya opyak sajroning pura gumêrah ||

14. gègèrira awurahan | pasanggrahan klêbon maling | obor lir pendah raina | radyan saparane kègsi | wong bajo-barong aglis | wong golong-gothang mangêbyuk | Dyan Arya Menak Koncar | pangamuke karo kêris | singa ingkang katêrajang anggulasah ||

15. singa maju-maju pêjah | kang lumayu nandhang kanin | sêdaya wong trunalanang | ngamuk angulara gusti | rinampog datan osik | linamêng pinêdhang milur | singa katrajang pêjah | pangamuke lawan kêris | saya kathah sumahap wong Bêlambangan ||

16. Radyan Arya Menak Koncar | lumayu sarwi nuduki | sawadyane trunalanang | lumayu amiyak biring | ya ta radyan kasupit | milaring bata sumiyut | lajêng atêruntunan | wus anjog prapta ing jawi | sawadyane ana ingkang mêdal lawang ||

17. wênèh nusup margi toya | warna-warna ngrêbut urip | wênèh mancik [ma...]

--- 29 ---

[...ncik] padha rowang | gênti-gênti anulungi | wus sami praptèng jawi | anti-inganti wus kumpul | dyan arya mêgap mêgap mêgap |Lebih dua suku kata: dyan arya mêgap mêgap. sêsiring ngebat-ebati | kaupama damare tan kêna pêjah ||

18. wadyanira trunalanang | akathah lajêng gulinting | sawênèh amêgap-mêgap | watukira turut margi | wênèh sêngara sami | tobate akambon apyun | bukan makanan orang | trayoli uwong madati | radyan arya sawadya mantuk ing wana ||

19. pan sarwi agiyak-giyak | amarna tingkahing nguni | si binantang setan alas | sakêrmin sakêrbi anjing | sudun tan ngulipik |Kurang satu suku kata: sinuduk tan ngulipik. si drondosi asu buntung | kranjingan setan kawak | si luwak anggêgilani | sun tatêdha olèha tandhing prawira ||

20. anglèlèh Dyan Menak Koncar | andheprok pinggir wanadri | lan wadyane trunalanang | ngaringakên napas sami | ana wadyane siji | duk kala samangkatipun | apyune dèrèng ngantya | inguntal sêlak lumaris | jrih sumaya apyun binuntêl kewala ||

21. rong pes satali bobotnya | kang satali wus dèn gigit | kang sapes kinarya jimat | nèng ikêt tugil sêmail | sadaya opyak sami | ting salênthêng mambu apyun [a...]

--- 30 ---

[...pyun] | kang bêgta tinakonan | tan ngaku mêgsa dèn udi | wong satunggal ginujêg marang wong kathah ||

22. wus kapanggih kang pes-pesan | nèng ikêt binuntêl brêndhil | tandya ingêdum wong kathah | ingkang gadhah mrêbês mili | dyan arya gumya angling | yèn wus prapta kuwon |Kurang dua suku kata: yèn wus prapta ing pakuwon. sun lironi bot sreyal | saiki aja ngrêdatin | sambung umur iku otot tunggu nyawa ||

23. warnanên ing pasanggrahan | magsih gumuruh swaratri | gègèr wong sapêbarisan | Prabu Bêsma tan ngulisik | ya ta kawarna enjing | kajinêman Daha rawuh | Adipati Sindura | sineba busanèng jurit | sakèrine pra menak lan pra dipatya ||

24. wus kumpul abrêdandanan | duta prapta awotsari | ing purwa madya wasana | saaturira wus titis | sarta ngaturkên tulis | wêwangsul ing Majalangu | cinandhak kang nuwala | binuka sinugsmèng galih | sasampuning paman ing pangèstuningwang ||

25. rèh paman atur wuninga | yèn Si Menakjingga balik | paman nuwun ing parentah | dènnya arsa magut jurit | langkung tarima mami | nanging datan sagêt ingsun | paman angsung parentah | wuruk-wuruk kang nglakoni | lamun ajrih paran gon sun murunêna ||

26. lamun [lamu...]

--- 31 ---

[...n] purun sun tan wignya | amapag suraning janmi | dene ta Si Menakjingga | ing mangke sampun dhatêngi | panglamarnya mring mami | yèn sun lênggana ginêmpur | kinarya karang abang | paman nagri Maospait | datan wande Menakjingga ring prang ||Kurang dua suku kata: datan wande Menakjingga ring paparangan.

27. wangsul manira têtanya | anggêpe paman mring mami | ing mangke kaananan |Kurang satu suku kata: ing mangke kaananira. manira arsa udani | titi têmbunging tulis | sang dipati mijil kang luh | sarya nungkêmi sastra | wusana sang adipati | ciptanira umangkat yuda kênaka ||

7. Pangkur

1. kapiting tyas sang dipatya | rerehannya akathah ingkang balik | pra menak para tumênggung | ing Gêmbong Pasuruhan | ing Trênggalèk ing Bangil pan wus anungkul | saklangkung dènira merang | lawan ingkang kaping kalih ||

2. cinacat kurang graita | awusana sinêmon wêdi mati | sami sakêdhap wus daut | budhal sakancanira | para menak dipati para tumênggung | akêrig wadya ing Daha | kadi ta sela blêkithi ||

3. yangyang wrêdu-ôngga sasra | têngara ngrik awor ngriking turanggi | gumêntar kang kalaganjur | cucukira ing lampah | Giwangkara ing Malang ika tumênggung | sumambung Dipati Ngrawa | Dyan Arya Surônggapati ||

4. Kalangbrèt Ki Nilasraya | angun-angun ing Wajak Watuurip | ing Panaraga [Pa...]

--- 32 ---

[...naraga] sumambung | kalih bupatinira | Endrajala lawan Menak Candrakètu | ya ta wong agung ing Daha | anitih swandana èsthi ||

5. sinongsong asutra jênar | kawan nêmbangnambang. prajurit wani wati | sèwu gêgangsinganipun | aran wong saradula | winêkasan wong Surabaya sumambung | dêmang ngabei pra menak | rerehane sang dipati ||

6. sinawang sangking mandrawa | abra murup anglir wukir kabêsmi | wênèh lir mêndhung lêlaku | anglir sêkar sêtaman | winêntara salêgsa arêbut punjul | untape kang wadyakuswa | lir sêgara tanpa têpi ||

7. pramugarining alaga | Sang Dipati Sindura gêng ngajrihi | dhasar pamulu ngron-ron puh | wuwuh jaja lir ngobar | yèn sinawang lir DuryadanaDuryudana. mapupuh | netrandik lir surya kêmbar | ngagêm limpungnya cinangking ||

8. agêmnya bindi nèng ngarsa | gotong wolu tur wêsi pulasani | sinêrasah abra murup | mênur manik dumilah | sarya ngagêm turôngga anèng ing ngayun | aran pun Jatha Payudan | ulêsira mangsi warih ||

9. kalih agêmnya ingaran | pun Subrastha nate ingagêm jurit | anglarug ing tindakipun | nèng marga gêgancangan | mêne gêntya ingkang kinôndha ing wuwus | Ki Rônggalawe

--- 33 ---

ing Tuban | kang lagya miyos tinangkil ||

10. mênggêp anèng sokasana | pêpak sagung para arya pra mantri | dipati para tumênggung | rôngga myang para menak | kandhuruhan êmpu mêlandang bêbuyut | pêcattôndha minangsraya | supênuh mantri ing Tubin ||

11. pasisir môncanêgara | samya pêpak sêdaya anèng Tubin | menak binarong tumênggung | Dipati Garobogan | Menak Gônda Mêstaka Dipati Warung | ing Dêmak Sliringan Menak | ing Pathi Menak Widuri ||

12. ing Lasêm Menak Prêmuja | ing Balora Ki Menak Sônggalangit | Purbarana ing Sêdayu | Tohpati ing Lamongan | ing Garêsik Sawunggaling Ki Tumênggung | Jipang Menak Kêrtagnyana | aglar sagung munggèng ngarsi ||

13. saha bala sakuswala | amiranti sasikêping ing jurit | Rônggalawe mirêng sampun | ing mangke Bêlambangan | wus saèstu Menakjingga mêsthi purun | sakait lan para raja | gilig lan para dipati ||

14. mangrurah surèng prang padha | arêbut rok lawan ing Maospait | mila pinêpak sêdarum | pasisir môncapraja | eca lagya agunêman patihipun | Dyan Arya Jayakusuma | kasaru dutèndra prapti ||

15. Dyan Arya [Ar...]

--- 34 ---

[...ya] Sasimping sarya | mundhi sastra miyak sagung kang nangkil | Dipati Tuban agupuh | têdhak sangking kursinya | kalih gêpah Sang Arya Simping amuwus | Ki Rôngga tampi timbalan | kang pangèstu prabu dèwi ||

16. dhumawuh ing jêngandika | lawan malih gusti paring sastra di | gêpah tampi matur nuwun | ri wusnya tata lênggah | gya binuka nuwala udayèng têmbung | paman pangèstu manira | dhatênga paman dipati ||

17. sampuning kadya punika | wiyosipun ulun angsung udani | Menakjingga madêg ratu | saha nglamar maring wang | yèn tan purun ing Majapait ginêmpur | kawula sumôngga paman | pasrah nagri Maospait ||

18. sintên mapagêna ing prang | ingkang yogya namung paman dipati | sun darma jumênêng ratu | paman ingkang kawogan | mugêring rat rêrêntênging praja hayu | manira sumôngga paman | wus titi têmbunging tulis ||

19. brêmantya Dipati Tuban | wadana brit sumyak lir wora-wari | jaja bang manglatu-latu | kadya blêdhos winulat | cingak sagung pra dipati pra tumênggung | goyang sing palênggahira | pan sarwi angusap rawis ||

20. sinamun saya kawêntar | sasêmutên sarira ngêmu gêtih | sêrat ingidrêkên sampun | gantya manugsmèng

--- 35 ---

diyadriya. | warna-warna pra menak lan pra tumênggung | sawênèh mijil kang waspa | sawênèh kang waja gathik ||

21. nging tan kawêntar ing sabda | ting barêngkuh samya angajap jurit | sigra lêluwaran sampun | sarya ubaya mangkat | Radèn Jayapuspita swarèng wadyagung | prajurit wong dulang-mangap | kalawan wong judhipati ||

22. akalawan wong tramtraman | sarawisa sadhiya ing ajurit | Ki Rônggalawe wus kondur | tansah kêkanthèn asta | lan Dyan Arya Sasimping aruntung-runtung | bisik-binisik sumrasah | adu sêmu padha lungit ||

23. gya pinarak ing pandhapa | sang dipati lawan Arya Sêsimping | ing purwa wusananipun | dinangu mring dyan arya | amangsuli sasanès karyanya rampung | manggut Rônggalawe Tuban | tan mawi mangsuli angling ||

24. wus mijil ingkang tadhahan | kampuh binggêl botor lan ali-ali | paningsêt cêlana sampun | tinampan mring dyan arya | tandya ngunjuk dhaharan dêdharanipun | kêmbul saambêng kalihnya | kang ngladosi para sêlir ||

25. miwah kang para bêdhaya | lagi ana surya bisikan minging | kang gêndhing slukat binarung | rêbab suling mangraras | sang dipati dènira dhahar anginum | sabên-sabên katamuan |

--- 36 ---

wong agung miwah bupati ||

26. mangkana yèn anyugata | mila ingkang wadya sami wêdyasih | rerehannya para ratu | sêdene pra dipatya | para menak ambêg marta among tuwuh | miwah tamuan pandhita | adamêl gunêm sêmèdi ||

27. sawusira bojakrama | Dyan Sasimping sinung wangsulan gya mit | mêsat saha bala daut | lampahe gêgancangan | aprayitna dyan arya sabalanipun | kunêng malih kawarnaa | sang adipati ing Tubin ||

28. nimbali santananira | kasalira pamomongnya dyan kalih | kang wasta Ki Dêmang Gathul | sêpuh cucut ing sabda | praptèng ngarsa kang putra kinèn anungkul | dhatêng wana Pêgrogolan | dhasar tatumpon wus lami ||

29. Dêmang Gathul sigra mêsat | radyan kalih ingaturan mring wanadri |Lebih satu suku kata: radyan kalih ngaturan mring wanadri. makatmangkat. lan panakawan wus | asikep towok kantar | panah pasrê suligi sawadyanipun | dhasar samya warganira | dyan kalih nêdhêng birai ||

30. cêngkrama sangsam andaka | kêbo danu siniwo ing turanggi | wulange kang rama rampung | radyan wus linampahan | wasis olah turôngga anandêr mamprung | onclang magêbang manumbak | supiting wêweka ngênting ||

31. tuwan yèn asikêp pêdhang | myang sanjata tuhu yèn angênèni [angê...]

--- 37 ---

[...nèni] | sêdene ing dharatipun | rikat trampil trangginas | tau ijèn ing banthèng minungsuh dhuwung | lumpatira kadi kilat | yèn ngancap angrêspatèni ||

32. manuduk sarwi amilar | mila langkung rênanira ing galih | panggulanging rama rampung | lesan sabarang lesan | main pêdhang atênapi main ganjur | wus laju mring pagrogolan | mêgatruh kang anèng wuri ||

8. Mêgatruh

1. wus sadintên sêdalu dènya ngimur kung | sira dipati ing Tubin | mriyêmbada para arum | agantya sinawung ing sih | tuhu baut asmarèng don ||

2. anging garwa pêpuncêring tyas kang kantun | dènnya adhatêngi ing sih | ing mangke sang dyah ingimur | Rêtna Dèwi Banowati | gêpah sinambut jinêm rom ||

3. lah kantuna gusti mêmanising arum | pun kakang aminta jurit | maminta sihing sang ing rum | mapag wong sura sinêgti | widigbyèng rat ing palugon ||

4. tan tumama ing braja tapaking palu | gurenda sisaning kikir | sèwu tan loro kang purun | mring Menakjingga ta yayi | mung ingsun purun silih rok ||

5. yèn ta angsal pangèstunira mas ingsun | sarta tampi sihing gusti | têlênging pinujyèng kayun | ywa tansah mindêl [mi...]

--- 38 ---

[...ndêl] wong kuning | baya pun kakang rinêngon ||

6. iya apa suwadine duka mring sun | pun kakang atadhah runtik | suka sinêrêng alulut | kinunjara ing jinêm mrik | mangèstu pada sumaos ||

7. nadyan akèh yayi ingkang para um |Kurang satu suku kata: nadyan akèh yayi ingkang para arum. tênapi kang para sêlir | nora paja-paja ingsun | sang dyah ing angin ngèmprêri | andika guruning sinom ||

8. Wilutama ing swarga rêbutan pasmun | tandhinga ruming mêmanis | yayi tan môntra mèmprê kung | sagunging kang widadari | pantês anyèthi sang sinom ||

9. mung andika gusti kang asih mring kakung | angratoni ing wêwangi | musthikaning asmarèngsum |asmarèngsun. pun adipati ing Tubin | pan sinihan ing Sugsmanon ||

10. pinaringan garwa têtungguling patut | sasotyane luwês manis | kumaraning widasantun | pinuji ing Hyang Pramèsthi | nitis andika mas ingong ||

11. ciptaningsun yayi mung andika masku | angabdi-abdi sayêgti | tan rumaos garwa ingsun | ing ariloka mas gusti | pun kakang malawijangron ||

12. lamun cidra têngrêrana ing saumur | ing ariloka wak mami | tagihên ngarsa dèwa gung | yayi yèn ginalih lamis | pun kakang tumamèng pakon ||

13. pangèstulun [pangè...]

--- 39 ---

[...stulun] ing gêsang pan namung catur | kang dhihin Hyang Sugsmana di | kapindho dyah ratu ayu | kaping tri dika wong kuning | baku titising krahaon ||krahayon.

14. ciptaningsun ingkang amrih ayu-ayu | ingkang mupangat ing bumi | pujiku jangkêpnya catur | ewa mangkono ta gusti | pêpêt-pêpêting ciptèngong ||

15. kang gumarit mung andika ing sir suwung | suwunge yayi nglimputi | kahana wujuding arum | kang momor sajroning mèdi | mung dika sang murtining ron ||

16. sang dyah dangu ingimur jroning tilam rum | pinangkya ing kasur sari | sêmang driya kapirangu | kawlasên sêpdaning laki | nambang liring turiranor ||

17. adhuh gusti sang dipati nuwun sampun | kapundhi sihing akrami | wrating tyas tinilar pupuh | ulun datan sagêt kèri | mênang tiwas ing palugon ||

18. ulun tumut yèn layon tunggil capurung | yèn unggul kula ngladosi | mawongan madyaning pupuh | sukangsukèng. sang kakung namur sih | angrês binarung sêbda lon ||

19. nora kamas anggêr kang gêtir juruh |Kurang satu suku kata: nora kangmas anggêr ingkang gêtir juruh. kasuwun kapundhi-pundhi | kasugsmana wrêdayèng kung | wong ayu trêsna ing laki | kêdyarsa milyèng palugon ||

20. yêgti rikuh sèdhèng pamêlênging pupuh | môngsa kobrêra ngladèni | anggèr mring andika masku | baya

--- 40 ---

durung babak busik | wadya gung sun têkèng layon ||

21. salabêting pangèstu pujwa môntra nrus | sun tan etang baya pati | katongton manising pasmun | èsême gumarit ati | kepyan ingrêring palugon ||

22. dèn pracaya yayi gon ingsun prang pupuh | yèn rinusak jawata di | nora pilih marganipun | tan kêna dipun palangi | andhap tiwasing palugon ||

23. wus pinasthi janjine tan kêna wurung | yèn rinêgsa Sugsmana di | sapa bisa ngrusak mringsun | yèn kinarya unggul jurit | sapa klar mungsuh lan ingong ||

24. balik yayi lindhungna marang Hyang Agung | sapangrèh darma nglakoni | myang andhap ungguling pupuh | dudu pakaryaning janmi | atas karsaning Sugsmanon ||

25. sang dipati ngrakêti jwala pangungrum | ngladosi gantyaning ari | aluwês sasolahnya lus | ngêsêp-êsêp pasang liring | lir brêmara manguswèng ron ||

26. nyênyêt manis sang kakung ingkang pitêmbung | mangranu padaning ari | nah anggêr jimating ulun | musthikaning adi luwih | mung dika gusti sun êmong ||

27. wusanane mung andika akèn wurung | pun kakang tan èstu jurit | prandene

--- 41 ---

para tumênggung | pra menak para dipati | pêpak lir jalanidi rob ||

28. lawan bênrê pamintanira masingsun | ala kinèn wurung jurit | nanging wus karsaning ratu | ewa mangkono mas yayi | wuruk-wuruk karsaningong ||

29. prabu rara pantês andhahar rèh ingsun | sênadyan wurung ajurit | pun kakang sayêgti sanggup | pirangbara têmbe yayi | nêmtokakên prang madu ngron ||

9. Dhandhanggula

1. sang dyah nyiwêl aturnya mikat sih | kagawokan lamun duwe sabda | tur iku lêlamis bae | mendah suraking mungsuh | yèn ta lamun wong agung Tubin | yèn tan miyos kêlagan | ngèsêman dewa gung | prajurit anjayèngrana | mung cacade tan asih adarbe cèthi | nora nimbangi trêsna ||

2. sun tatêdha ing siyang myang ratri | sun bêbuntar nèng padoning kunca | aja pisah lan dhèwèke | nanging tan pinilaur | winastanan ngribêdi jurit | sang kakung rêsêp mulat | mèsêm manguswèng gung | kang guywa binarung sabda | nahing anggèr kang nora-nora ginalih | mendah yèn mangkonoa ||

3. nora liwat gusti wong akuning | ginaliha utamaning yuda | lir wong sêmèdi ciptane | iku pamêndêng anrus | pêndadaran [pêndadar...]

--- 42 ---

[...an] Sugsmana Luwih | tan kêna maro tingal | dhompo wawasipun | sêdene yèn têkèng ajal | kurang budi karon utamaning pati | cinêla Sugsmanongsa ||

4. bènèh lawan pati kang patitis | trusing tingal têkèng kawisesan | anggulanggung kaswargane | mas mirah ariningsun | dipun pasrah Kang Murbèng Urip | sagêlar isining rat | tan liyan wong ayu | amung sih dika kusuma | sun karyane anggèr sanguning ajurit | minôngka tumbaling prang ||

5. manguswèng dyah ngêsês nambang liring | anoragèng lumèngsèr sing pangkyan | winor ing èsêm dêlinge | bok sampun sang binagus | mriyêmbada marang ing cèthi | apa tan bosên mana | wong wus padha sêpuh | bok têpung sanak kewala | nora isin putrane têtiga sami | tur padha wus diwasa ||

6. sang dipati sêbdanira manis | nahing anggèr duk pangrasanira | abènèh lawan yêgtine | Sêkati putraningsun | kakangira pantêse ngadhi | mas mirah lawan sira | pinêsthi dewa gung | gêsang dèn tumêkèng lena | ngariloka dèn tulus wong loro rêsmi | sêngsêm andon asmara ||

7. yèn sun dulu marang sira yayi | kaya duk anyar durung sawarsa |

--- 43 ---

lami sayimbuhsayèmbuh. lêngêse | duk putra siji wuwuh | mêmanise ya nusuli |Kurang satu suku kata: mêmanise saya nusuli. paputra kalih wêwah | ingungsi sumyarum | paputra tiga mas mirah | kumarane luwês mêsês amilêt sih | ngumpul mring Banowatya ||

8. srining buwana lan srining manis | pasrangkara myang srining sasekar | ngumpul marang dika kabèh | srining kaswargan pitu | srining widadari wus ênting | ngumpul ing Banowatya | gusti mirah ingsun | midrê ring rat tanpa sama | sumrah rumnya gandhange angrêspatèni | ngêbêgi nagri Tuban ||

9. kêmanisên Rêtna Banowati | sinugun-sugun pinujwèng tilam | lênglêng ngênglêng ing driyane | lir sarah munggèng ranu | wus rumojong karsaning laki | wimbuh ing kadrêsanan | kagunturan madu | winayang susila brôngta | amartani ing rèh kasmalaning rêsmi | maharsèng tama sabda ||

10. pan kacatur kang anèng jinêm mrik | wus dumugi gènnya pulang laras | enjing gumêntar swarane | têngara mung gumuruh | kang kêndhang gong tambur lan bèri | salumprèt munya ngraras | têtêgnya lir kêtug | sumahab kang pra bupatya | balakuswa pra menak rôngga ngêbèi | aglar munggèng paseban ||

11. sajuru-juru sagunging dasih | aneka-neka [a...]

--- 44 ---

[...neka-neka] dinulu sinang | satunggul kumlap layune | lir obar-abir kuwung | kang kêkôndha bandera asri | pênuh wadya ing Tuban | aglar ngalun-alun | Dyan Arya Jayapuspita | minta-minta mêmatah lakuning baris | ya ta sang adipatya ||

12. wus angrasuk kapraboning jurit | sang dipati pinarak pandhapa | kinubêng para garwane | Sang Banowati ayu | lir mintuna kêlawan mimi | dahat tan kêna bênggang | sang dipati bagus | angêlipur paribrôngta | rêbut manis kang pra garwa para sêlir | sinrambrama ing sabda ||

13. putranira Sang Rêtna Sêkati | tansah rinangkul dhatêng kang rama | winangwang-wangwang citrane | lir sunggingan winangun | kraosing tyas Dipati Tubin | apan kadi sinêndhal | kang putra ingimur | dhasar gungan ingla-êla | ya ta garwa kang putra lan para sêlir | ri wusnya nugsmèng pada ||

14. alon mangkat ring sang adipati | ginarêbêg para garwanira | putra ambondhèt sondhère | kêkanthèn asta mungguh | lan kang garwa Sang Banowati | kandhêg nèng paregolan | Ki Rôngga nêbda rum | lah kantuna mirah ingwang | nahing anggèr pun kakang umangkat jurit | sun minta jampi brôngta ||

--- 45 ---

15. sang dyah mucang mulung sangking lathi | tinarimèng waja sang dipatya | mangrês mangrangkul garwane | kadya pêksi atarung | dangu dènnya amêgat ing sih | pan sami èsmu waspa | sêdaya pararum | ya ta ingkang kawarnaa | sang dipati wus pinarak pôncaniti | aglar ingkang sumewa ||

16. menak rôngga myang para dipati | kinèn mangkat saha wadya budhal | kang gêndhing tinêmbang rame | kalôntaka jumêgur | kadya gêrah swaraning janmi | lir sulung mêdal enjang | èbêg wor supênuh | tan kaliru prênahira | wijah-wijah asêlur agolong pipit | makupu-kupu atap ||

17. pasrang gurnitaning kang kuswa sri | panjrah bajra prakatha lir gêrah | sumahap patya wèsthine | ywa na srining mawa gyut | pirang-pirang winulat kadi | têtaru ing udaya | kamangsaning catur | kang dadya cucuking lampah | Kêrtagnyana ing Jipang sumambung wuri | Tohpati ing Lamongan ||

18. Sawunggaling Garêsik nambungi | gya cumundhuk Arya Purbarana | Sêdayu ya ta wurine | Sônggalangit Tumênggung | ing Balora ingkang nambungi | Nglasêm Menak Prêmuja | sumundhul ing pungkur | Menak Sliringan ing Dêmak | sinambungan Menak Widuri ing Pathi | tandya wadya

--- 46 ---

ing Tuban ||

19. sarawisa araning prajurit | sèwu sikêp biring lawan tinggar | sinambungan ing wurine | dulangmangap pônca tus | sikêp kêrbin ingkang sêpalih | saparo dhadhap kantar | towok ondhe tulup | sinambungan wong trantaman | satus samya wisesa sikêp jêmparing | jamang mas kinartipa ||

20. wuri pisan ingkang anambungi | kawandasa prajurit ingaran | jodhipati andêl tos-tos | dharat asikêp ganjur | gagah-gagah prakosèng jurit | brêngos godhèg plawangan | tur samya gung luhur | rampèt polèng kuluk cawang | abêbadhong kotang jro baludru langking | tau tinatah mêndat ||

21. pinetaran gèbèg nora osik | taha-tatetau-tate. akêramas obat | angrêmpak ganjur lungide | wurinira sumambung | upacara samarga asri | lante gêndhaga bawat | kuthuk lawan kacu | tênapi kandil lantaran | tandya tindakira ring sang adipati | amungkur durmèng ngarsa ||

10. Durma

1. kang minôngka pramugarining alaga | sira sang adipati | mênggêp nitih kuda | dhawuk ran Sariyuda | pinanganggyan sarwa rugmi | solah wiraga | asongsong mliyo kuning ||

2. yèn sinawang lir Sasrabau [Sa...]

--- 47 ---

[...srabau] mangsah prang | makutha bra rêtna di | murup kang ujwala | kênyar liringing netra | merang Hyang Pratônggapati | kinaringkênaring. cahya | nênggih minuni sari ||

3. kudanira andhungan kang anèng ngarsa | aran pun Sangupati | ulêsnya dhawuk bang | tate ingagêm aprang | gulang-gulang amêrapit | Dipati Tuban | kadya binayangkari ||

4. ginarêbêg ing mantri para santana | songsong mawarni-warni | lir krêndha manglayang | èbêg busana raras | pirang-pirang kang kuswasri | radèn apatya | Jayapuspita pêkik ||

5. amêkasi ing wuri amangku wadya | ngirit kalih dipati | binarong Grobogan | Warung Gônda Mustaka | pratistha rahadèn patih | nitih turôngga | aran pun Layarwarih ||

6. sinongsongan dyan arya maliyo jingga | jamang mas winarja sri | ginarudhèng wuntat | arumbing gagêngganggêng. kentar | sêmbada dêdêg rêspati | jênar bêranyak | lir Sadewa ajurit ||

7. sampun daut sêdaya kang mangkat aprang | lir hyang sela blêkithi | wêrdu-ôngga sasra | mawukir guntur agra | panjrah kumilating rawi | saking gungira | lir pendah kilat thathit ||

8. rindik-rindik gonastra anggana [angga...]

--- 48 ---

[...na] raras | tunggul kêkôndha asri | lêlayu bandera | hyang-hyang lêngkawa teja | sangking mandrawa kaègsi | kang balakuswa | lir jalanidhi ngalih ||

9. asri tinon kang busana warna-warna | kang kuning padha kuning | angrok tiningalan | lir podhang sèwu nêba | samya bang sinang lir agni | kang sarwa seta | lir kuntul nêbèng warih ||

10. wungu golong lir mêndhung ngêmu ludira | kang ijo-ijo asri | lir bèthèt sayuta | kang biru-biru samya | lir mêndhung tumibèng siti | wênèh kang samya | anganggo sora-sari ||

11. lir manyura rêraton lamun sinawang | kang langking ngumpul langking | lir dhandhang sayuta | tuhu maneka-neka | lir sêkar sêtaman asri | untaping bala | lir sèwu guntur ardi ||

12. gantya kawarnaa Sang Sri Urubêsma | ri sêdhêngnya tinangkil | para raja miwah | nata arya pra menak | menak rôngga lan ngabèi | kang sinrangsaya | dêmang rôngga bupati ||

13. para dhaèng para andêl para lurah | tinon awarni-warni | wênèh lir rasêgsa | wênèh anglir andaka | wênèh kadya gajah srênggi | wênèh lir singa | barong dèn bêbasahi ||

14. kang sawênèh pinangku jajenggotira | brêngos macarak sisih [si...]

--- 49 ---

[...sih] | godhèg wok plawangan | simbar lir bêbarongan | busana mawarni-warni | wênèh makutha | kêncana kang kinardi ||

15. kang sawênèh tatopong anglir gupala | praba maringih-ringih | dinulu lir parang | têbah jaja asinang | bêbadhong awanci-wanci | kadi gupala | têkês mawarni-warni ||

16. jamang sungsun-sumungsun abra asinang | sawênèh udhêng gilig | sapupu gêngira | rinenda ing kancana | sasumping mawarni-warni | wênèh kancana | rineka surèngpati ||

17. kang sawênèh pindha sêkar kanigara | sawênèh gajah nguling | sawênèh sumping mas | cara pudhak satêgal | sawênèh ingkang sasumping | masêkar-sêkar | gêgodhongan wanadri ||

18. kang sawênèh rinangkêp ingkang curiga | rinangkêp cara Bali | anracak sadaya | ukirannya kêncana | rineka mawarni-warni | ingkang satêngah | sagolèk gêng ngajrihi ||

19. mangah-mangah lir naut lambung winulat | wênèh nyuriga bindi | kang sawênèh pêdhang | pêdhang sadhêpa-dhêpa | ana ingkang gendhong krêbin | kalung bêdhama | wênèh gada sinandhing ||

20. kang sawênèh rambute pinara tiga | cinakot kang sapalih | prajurit balabar | aran wong golong-gothang | bajo-barang kanan kering [ke...]

--- 50 ---

[...ring] | wong gathodara | juranggatho nisihi ||

21. macanambal carukdênggung surarayah | miwah wong cukilmanik | rujakpolo lawan | surabêthot mêlatar | samya ingugung ing gusti | sawênang-wênang | sagung wong ngajap jurit ||

22. Prabu Bêsma dumugi siniwagara | kasukanira ngênting | giyak ôndrawina | kasaru praptanira | Katbuta Kotbuta Patih | asigra-sigra | miyak sagung kang nangkil ||

23. kagyat mulat sang nata ing praptanira | duta patih nèng ngarsi | lah ta paran bapa | sira mring Majalêngka | ngaturakên surat mami | mring sotyaning rat | dhenok wong anjukining ||

24. kang kaègsi ing siyang dalu katingal | Ratu Mas Majapait | kang akarya rimang | wèh edan karungrungan | kang gawe rêntênging ati | katiga dawa | kêsêl angêluk gigir ||

25. age arsa ngêmban ratu Majalêngka | matura bapa patih | sira gawa sastra | wêwangsule sang rêtna | Prabu Dèwi Maospait | Kotbuta nêmbah | gusti tan angsal kardi ||

26. sêrat dalêm sampun katur prabu kênya | gusti kang nugsmèng têtulis |Lebih satu suku kata: gusti kang nugsmèng tulis. santananing nata | wanodya ayu endah | aran Dèwi Rarasati | wusananira | ponang

--- 51 ---

sêrat sinêbit ||

27. apan ngantya prabu rara lêluwaran | ulun tan dèn wangsuli | dhatêng prabu rara | wusana Layangseta | mangsuli pêpucuk jurit | apêgsa lanang | ayya ngungkurkên jurit ||

11. Pangkur

1. ya ta Prabu Urubêsma | duk miyarsa aturnya kyana patih | sakêlangkung dukanipun | idêp mangada-ada | wadanabrit kithal wor-suh wuwusipun | wus pinasthi ing juwata | tan kêna ginawe bêcik ||

2. nêgara ing Majalêngka | nora wurung sun karya karang abrit | dene ngrêgêdi dhadhêngkul | iya Si Layangseta | kumasura angajab dadining mungsuh | êndhasa sèwu sênadyan | rupoa buta sakêthi ||

3. kang kaya Si Layangseta | sun tan ulap têka kêpati-pati | angêndhêgkên surat ingsun | sêdène Rarasatya | kumalancang anêbit nuwalaningsun | lumuh bosên ing agêsang | si binantang gege pati ||

4. yèn ta si sêsotyaning rat | mokal lamun anampik marang mami | tan kêna ginawe hayu | lamun nampik maring wang | Angkatbuta Kotbuta nêmbah umatur | lêrês gustiku Sri Bêsma | amba gusti

--- 52 ---

dèrèng uning ||

5. yèn siniwi prabu kênya | dèrèng nate katingal miyak samir | amung sapraptaning ulun | anglèla miyak gobah | mancêr liring mring kawula sang aprabu | têrsôndha panggih kawula | dènira akarya sandi ||

6. Rarasati Layangseta | kumapurun adigung kumasêgti | dene ta sang ratu ayu | katêmbèn ingsun mulat | ing citranya kawula tan sagêt munjuk | lir gambar jroning supêna | sêjagat tan angsal kalih ||

7. Sri Bêsma kadya ingunggar | sigra kinèn nêmbang têngara jurit | sawadya ingatag daut | gumêntar salang-tunjang | nata lampah sabalakuswa nung-anung | saha bala sadipatya | gumrêgut atata baris ||

8. kawarnaa Prabu Bêsma | sampun ngrasuk sakapraboning jurit | para garwa sêlir manggung | tata kaprajuritan | tandya miyos wau dhatêng tarup agung | sang nata sagarwanira | saha manggung para sêlir ||

9. majêmur tangara gumrah | kang kêndhang gong têtêg mawanti-wanti | sanjata mriyêm gumludhug | pracina mangkat ing prang | kang gora rèh kang suwara gumaludhug | bêdhol sakala sumahab | Sri Bêsma anitih èsthi [è...]

--- 53 ---

[...sthi] ||

10. Seta galaknya kagila | aranira pun palwaga ngajrihi | songsongnya manyura sungsun | pratistha Sang Sri Bêsma | agêmira bindi pusaka amungguh | tan pisah munggèng matêngga | para garwa manggung sêlir ||

11. kawan dasa munggèng ngarsa | warna-warna wahananira sami | sawênèh anitih crupung | wênèh joli jêmpana | kang sawênèh bêdhati tihanipun |Kurang satu suku kata: kang sawênèh bêdhati titihanipun. wênèh gêrbong ya ingkang |Kurang satu suku kata: sawênèh gêrbong ya ingkang. têtiga kang pramèswari ||

12. pan samya anitih liman | kang parêkan pawongan para cèthi | anitih kuda sêdarum | samarga gêgancangan | Sang Sri Bêsma asangêt parentahipun | pacuan mong murang dalan | miwah wong lèrèn ing margi ||

13. wadyabala Bêlambangan | anglir gunung banjir lêladhu bêlis | lir sulung katiban jawuh | umèp mangambak-ambak | yutan wêndran maalas magunung-gunung | gêmpur atêmahan ratan | jurang miwah kali-kali ||

14. kèdêg kèlês ing kuswala | sagungira wadya mônca bupati | sigra Blambangan kapungkur | sêdalu lêrêp marga | enjing budhal ing Prabalingga wus rawuh | kawarna dipati Daha | Prabalingga dènnya baris ||

15. sampunMestinya halaman 54, tertulis halaman 56 dst, tetapi tidak ada teks yang hilang. [sa...]

--- 56 ---

[...mpun] amiyarsa warta | Menakjingga ing Prabalingga prapti | enjang kang swara gumuntur | sumrêg kang bala budhal | mapag ing prang tan ana kang ngucap takut | ya ta ring Sang Urubêsma | nèng Prabalingga saratri ||

16. enjing umangkat sumêdya | rêrêp anèng Pasêdhahan nêgari | sabalakuswa wus daut | makêthi-kêthi yutan | wong bang wetan matarap-arapmatarap-tarap. supênuh | lêlakon sapalih dina | gya têmpur kang ponang baris ||

17. gêgamaning Majalêngka | manrot giyak sarwi ambendrong bêdhil | gègèr wong bang wetan kuwur | kagèt tinêmpuh ing prang | bilulungan jinêjêl saka ing pungkur | wong Majalêngka mangidak | wong wetan kathah ngêmasi ||

18. pra menak pra adipatya | langkung duka sami ngawaki jurit | mangidak turôngga mamprung | singa katrajang bubar | kathah pêjah wong Majapait lumayu | bubrah tataning ayuda | para menak Maospait ||

19. ngawaki kuwêl padha las | kèkèt mangrok pêdhang-pinêdhang gênti | sawênèh suduk-sinuduk | wênèh tumbak-tinumbak | para menak pra dipati Majalangu | kinaro tiniga kapat |

--- 57 ---

tan ana angucap ajrih ||

20. manungkêb wadya ing Daha | Dyan Sindura mangamuk ngowak-awik | gumêntar kang kala ganjur | surak lir gunung rêbah | kôlôntaka mariyêm lir gunung guntur | sang dipati saya nêngah | singa kang katrajang gusis ||

21. pra dipati ing bang wetan | kathah pêjah linimpung myang binindi | dipati Bangil wus lampus | Menak Calunthang pêjah | Menak Wilôntaka ing Gêmbong wus lampus | Pangsêng ing Wajak wus pêjah | bubrah wong wetan kang baris ||

22. pra Dipati Majalêngka | ingkang samya kasambut ing ajurit | Wajak menak Angun-angun | Kalangbrèt Nilasraya | wusnya caruk tambuh rowang lawan mungsuh | têmahan pêtêng gab-gapan | cloroting mimis lir thathit ||

23. tan lyan swaraning paprangan | amung sêbrak rêkatak ting carêngkling | gumropyak gopyak kumêpruk | pating brêkuh wong brana | ing payudan atêmah sêgara marus | kasapih dêrêsing jawah | lan malih kasaput wêngi ||

24. wus mundur kang bôndayuda | Sang Sri Bêsma dukanira tan sipi | wadyanya tumpêsan larut | ginêbag ing payudan | pra dipati para menak kathah lampus | wus mundur mring Prabalingga | gagapan samargi-margi ||

25. malih ingkang kawarnaa | adipati ing Daha ingkang baris [ba...]

--- 58 ---

[...ris] | anggêgrêg ing gajah watu | lêpas anèng barisan | tan kawarna ing ratri enjing wus daut | angangsêg ing Prabalingga | datan kawarna ing margi ||

26. wus prapta kikising kitha | wadya Daha samya ngobong-obongi | Sri Urubêsma kawuwus | kêlangkung dukanira | gya parentah pra menak myang para ratu | kinèn samya ngantêp yuda | sarya ngawaki ngajurit ||

27. gya budhal sawadyanira | wong bang wetan kêrig tan ana kèri | kadya arga sèwu guntur | rumap angara-ara | pirang-pirang anggênggêng datanpa petung | umèp supênuh bêlabar | anglir jalanidhi ngalih ||

28. dêdamêling Majalêngka | saya cêlak bêbahak turut margi | sêsêg pan samya andulu | mring dêdamêl bang wetan | adipati ing Daha ngabani asru | kang kala ganjur tinêmbang | têngara majêmur atri ||

29. wong saradula manrajang | para menak manurung saha dasih | mangêdrèl surak gumuruh | wong bang wetan atadhah | angrok-rinok bêrêg-binêrêg apangguh | pan samya sudiranira | tan ana mangeman pati ||

30. dhasar padha warêg dana | tuwuk dadar tur pênuh sihing gusti | tan ana kang ngucap takut | sanjata wus katilap | kumêrapyak tumbak-tinumbak kumêpyuk | kulewang tarung lan pêdhang |

--- 59 ---

gêbrag-ginêbrag lan tamsir ||

31. ing payudan sêgara rah | sarah watang wangke kêpala jisim | lumut bandera lêlayu | parang turôngga liman | kapênuhan mug pyaling sanjata têdhuh | kang yuda gagap-gagapan | ting brêkuh swaraning kanin ||

32. dhadhal ngarsa wuri ngidak | ting salêbrak swaraning kang mangungkih | wong saradula acakut | lawan Bugis Madura | kuwêl kèkèt apan kadi pêgsi tarung | wênèh manyakot manêkak | manuduk mawanti-wanti ||

33. acangklèt wong Panaraga | mambêng Bali Bandhung kuwêl lir bêlis | maputrê mangkrak manuduk | lir sulung bu-tumangan | tumpês ngarsa ing wuri ngidak manubruk | manglut mapikut gol ginal | macithat bêdhol mawa kris ||

34. giwangkara saya nêngah | ngiwang-ngiwung angamuk karo kêris | manrombol Menak Prêmangsul | Dipati Pakacangan | sru mangrênjah kang kuda kèkèt manaut | pamatangira kaliwat | suduk-sinuduk sing wajik ||

35. kalih samya suranira | anêrajang dipati ing Wêlèri | kinalih giwangkara wus | pêjah tiba sing kuda | Ki Surônggapati ing Rawa angamuk | Menak Pangsêng ing Pasruan | tadhaha kèkèt kang wajik ||

36. panumbakira kaliwat |

--- 60 ---

Menak Pangsêng sinabêt wus ngêmasi | Surônggapati saya nglut | linambung sangking kanan | Menak Jayalêlana wau mapan wus | wêntus pinarêng lan tumbak | Dipati Ngrawa ngêmasi ||

37. Côndrakètu Endrajala | manrot mamuk singa katrajang mati | Sri Dewataka ing Bandhung | nadhahi Endrajala | Rajèng Bali Gung Walikrama manglambung | sikêp bindi anêrajang | Côndrakètu anadhahi ||

38. manumbak watangnya patah | nora osik sira raja ing Bali | narik pêdhang Côndrakètu | manabêt pêdhang patah | manrot rukêt Côndrakètu gya pinupuh | malumpat sangking turôngga | ngamuk dharat karo kêris ||

39. trangginas Sang Basutôntra | Condrakètu sinabêt wus ngêmasi | Endrajala Rajèng Bandhung | dangu pêdhang-pinêdhang | Dewa Jarumaka Raja Bugis nêmpuh | solah inggar narik pêdhang | Endrajala dèn larihi ||

40. nora titis pinêdhangan | saya dangu saya rêmpu ngêmasi | dipati Daha kawuwus | sampun ajêng-ajêngan | lawan raja Madura dènira pupuh | kalih sami nitih liman | acangkèt kang ponang èsthi ||

41. asikêp limpung bêdhama | sami jojoh-jinojoh nora busik | ngrangkêp gada bindi nêmpuh | sami sudiranira | datan ana kuciwa dènira pupuh | malumpat Dipati [Di...]

--- 61 ---

[...pati] Daha | ngrasuk mundur ing ajurit ||

12. Durma

1. tan gumingsir sira raja ing Madura | kèkèt nèng luhur èsthi | agada-ginada | tan ana kang kuciwa | ring Sang Sindura Dipati | Sang Baudhêndha | samya ebat ing galih ||

2. buwang gada sawat gya cêngkah-cinêngkah | êndhase ponang èsthi | dhinêngkul wus pêjah | gya rêbah kapisanan | sarêng lumumpat sang kalih | tumibèng kisma | angisar gada bindi ||

3. myang gumuruh suraking mungsuh lan rowang | kadya gogragna langit | gong maguru gôngsa | têtêg kaya butula | kang kala ganjur mêlinging | para dipatya | para raja nungkêbi ||

4. adipati ing Daha kèsisan bala | kinatug ing bêdhil |Kurang satu suku kata: kinarutug ing bêdhil. sinosog ing watang | suligi kadya jawah | sang dipati nora osik | singa rinêmpak | mawur tan môngga-pulih ||

5. anêrajang malih ring Sang Baudhêndha | pinupuh sang dipati | anging tan rinasa | kalih wus buwang gada | dhosok-dhinosok kêkalih | sêndhal-sinêndhal | tan ana nguciwani ||

6. para raja mudhun sing liman turôngga | ngêmbuli sang dipati | saha sikêb arga | wênèh limpung myang konta | sigêbsikêb. gora piling gandhi | datan rinasa | Sang Sindura Dipati ||

7. mêgsih kèkèt macêpêngi ikêt pinggang | lan Sang Madura DipatiLebih satu suku kata: lan Madura Dipati. [D...]

--- 62 ---

[...ipati] astanira kanan | ingkang kinarya nglawan | singa kacandhak tininggil | binuwang kentas | rêmuk luluh wor siti ||

8. singa ingkang mangrusuk dhinupak pêjah | Menak Sopal ngêmasi | dhinêngkul muka crah | ya ta Sang Baudhêndha | duk bênggang sigra tinangsil | binuwang kentas | Jayalêlana aglis ||

9. numbak sangking ing kiwa rinêbat kêna | kang watang tugêl palih | sigra Prabalingga | kinisar anèng tawang | sinabêtakên tumuli | dening prêbata | luluh sampun ngêmasi ||

10. Sri Dewa Gung Walikrama sigra mangsah | ngrasuk goco kêtampin | curiga rinêbat | binuwang sampun kontap | maputrê maglut mangungkih | sigra binuwang | kentas sang rajèng Bali ||

11. sira Menak Caluring nuduk tinampan | kinisar nèng wiyadi |wiyati. Caluring kinarya | ngamuk mapupuh lawan | wus bubrah tataning baris | amawurahan | menak raja ngunduri ||

12. sang dipati wus kawuron ing ayuda | singa sinrang ajurit | Katbuta umapag | manêrang kuda galak | pamêdhangira tan titis | kuda cinandhak | rêbah wus angêmasi ||

13. tibèng kisma Kotbuta ngrasuk binuwang | Katbuta angingrêri | si wuri nêrajang | mêdhang sampun kêtampan | binuwang kentar [ke...]

--- 63 ---

[...ntar] lir mimis | Sri Urubêsma | dukanira tan sipi ||

14. sigra mangsah ginarêbêg wong sêliran | sarya anitih èsthi | putih pun palwaga | wong golong gothang ngarsa | bajobarang kanan kering | wong gathodara | juranggatho nisihi ||

15. macanambal carukdhênggung surarayah | miwah wong cukilmanik | rujakpolo lawan | surabêthot sumahap | asikêp ganthol campuling | gêrènèng canggah | pênthung lawan suligi ||

16. wong ing Daha wus kumpul malih barisnya | sasisane kang mati | nusul sang dipatya | sarta nêmbang têngara | sumêja angantêp jurit | rêrêmponing prang | sira sang adipati ||

17. sarêng mangkat Sri Bêsma umangsah ing prang | lêga tyase dipati | majêng mangsah dharat | gadanira kinisar | saha bala golong pipit | surak gumêrah | kala ganjur munya sri ||

18. sarêng cêlak sira ring Sang Urubêsma | sigra têdhak sing èsthi | wadya kinèn surak | rame têngara gumrah | salomprèt kêndhang lan bèri | bêndhe sauran | têtêg mawanti-wanti ||

19. sangsayènggar sira Sang Dipati Daha | dhasar agêng ainggil | asinggih wiraga | sigra ing lampahira | kadya angobahna bumi | amandhi dhêndha | ebat ingkang ningali ||

20. makutha bra jamangira sungsun tiga | kang

--- 64 ---

rema pinara tri | atêbah mênggala | tinon lir Jayajatra | Sri Bêsma sru dènirangling | hèh ta Sindura | sun eman mapag jurit ||

21. nora wurung sira tumêka ing pêjah | dudu lawanmu jurit | angur anututa | sira nora palastra | besuk yèn ingsun wus panggih | lan prabu kênya | sira sun gawe bêcik ||

22. lawan ingsun têtêpakên anèng Daha | lawan sun gawe bêcik | Kalangbrèt Têrsana | TrênggalènTrênggalèk. lawan Ngrawa | lawan sun trimani putri | Nyonyah Mrêisa | lawan picis sakêthi ||

23. Adipati Sindura sarêng miyarsa | talingan lir sinêbit | akras sabdanira | ora Si Menakjingga | tan kêna ginawe bêcik | tan buwe ala | Prabu Brawijaya di ||

24. sira dadak balela amurang dana | pêgsa angrata bumi | yèn isih Sindura | aja age mangguyya | kêplok tangan banting sikil | tan wurung sira | rêmpu katiban bindi ||

25. latah-latah wau ta Sang Urubêsma | ambapang sarya angling | lah mara Sindura | tibakna gadanira | Kotbuta Sang Adipati | krura wêtu glap | kumrêkot waja gathik ||

26. ponang dhêndha tinibakakên bantala | mungkrê kang ponang bumi | anggiro lumumpat | Urubêsma jinangkah | ginada mawanti-wanti | kang gada rêmak [rêma...]

--- 65 ---

[...k] | krodhanira tan sipi ||

27. gya rinasuk Sri Bêsma sigra kinisar | sinabêtakên aglis | ing watu kumlasa | ajur kang ponang sela | saya sru krura mawêngis | manaut rema | Bêsma tinubruk aglis ||

28. sinabêtkên prêbatang ajur kang wrêgsa | ya ta sang adipati | klangkung bêndunira | mangrik magrah ruara | kumutug awêtu gêni | ambêdhol sigra | waringin gya tininggil ||

29. wong ing Daha surak-surak mati sira | surak gumêntar atri | akubêng sumahab | wong Daha lan wong wetan | Sri Bêsma sarêng ambêlik | dhapur mathingkrak | ambêg sarosa wuri ||

13. Pangkur

1. bakudhu butêng ingkang tyas | sang dipati anggro andrês waspa ngrik | magarot bau sumiyut | malumpat ngisar gurda | kadya bajra godhongi amalêdug |Kurang satu suku kata: kadya bajra godhongira amalêdug. sinabêt Sri Urubêsma | galêpung kang ponang ringin ||

2. gumruh sugaknyasuraknya. wong wetan | kêndhang bèri swaranya amêlingi | ring Sang Sindura manggêdrug | bêkuh Bêsma kacandhak | putêr cangklèt ambêg sarosa kumrutug | rinawuk Sang Urubêsma | rinêngkah mangungsêp siti ||

3. kinisar kumbul kêtampan | sinabêtkên ing wêntis nora osik | dhinupak kontal katubruk | winang kris [kri...]

--- 66 ---

[...s] dhuwung rêmak | kèdêg kèlês ingukêl wanti tinuntun | cape astaning dipatya | sêkala angêmu gêtih ||

4. kinipat kentas lir balang | ring Sang Bêsma tiba kuwalik-walik | sakêlangkung dukanipun | nyandhak bindi pusaka | wêsi kuning kinisar ingikal mêtu | dahana mangarab-arab | Sang Sri Bêsma asru angling ||

5. hèh Adipati Sindura | lah pilihên urip kêlawan mati | dene ta kelangkung-langkung | ambêg sura dibyèng prang | Adipati Sindura nauri wuwus | iya sun pêlaur pêjah | mulih kawisesan mami ||

6. untapna mring ariloka | ingsun nusul mring Sri Brawijaya di | mring dewane ingkang agung | Dyan Sindura lumêkas | namèlnampèl. wêntis sidhakêp rapêt kang suku | anutupi karnanira | Sri Bêsma nêrajang aglis ||

7. pinarjaya Sang Sindura | dening bindi poking talingan kering | rah muncar anglayon pan wus | mulih ing ariloka | sasisane wong Daha sami angamuk | wênèh angrêbat kunarpa | layonira sang dipati ||

8. gêprah winrat ing turôngga | wus binêgta lumalya dening dasih | malêbèng jroning wanagung | wong wetan wus katilap | rêbut rinok wong Daha barêng gumulung | Kêbogêdhah gya umangsah | labuh pan sarwi anangis ||

9. para santana karuna | ngamuk nangis mangliwung karo [ka...]

--- 67 ---

[...ro] kêris | wong gologothang mangêbyak | wong juranggatho tadhah | macanambal rujakpolo daragathu | surabêthot surarayah | carukdhênggung ngrubut wani ||

10. Ki Kêbogêdhah magalak | wong Blambangan akèh wonge kang mati | Angkatbuta sigahsigra. nêmpuh | Kotbuta ngingrê galak | Kêbogêdhah kinalihan dènnya pupuh | pinêdhangan sampun pêjah | pra santana para mantri ||

11. kinarubut sampun gêmpang | kang kuswa lit larut tan môngga-pulih | Katbuta Kotbuta manglut | sarowangnya manglêmpak | Urubêsma kondur masanggrahan sampun | saha bala sakuswala | nênggih gantya kang winarni ||

12. nguni KumitiKumitir. lan Seta | nuwun mangsah mapag Sang Urubêsmi | ngirit wong ing jro sêdarum | lan menak kêpatihan | sampun prapta padhêkahan gunêm rêmbug | kalih Madiun Dipatya | Kincang Menak Balaruci ||

13. sira Gajah Têpèngsara | Jagaraga Ki Menak Balaruci | Krêtasana Menak Klungkung | Sarêngat Bagaspatra | ingularan nênggih pakewuhing laku | paran yayi dayanira | Si Paman Sindura uwis ||

14. anglanggar mring Prabalingga | kari gawe nêmu sisa ing jurit | Layangkumitir umatur | kakangmas Layangseta | ulun datan mawi anusul ing pupuh | kadidene tyang utama | amomor ngêmbul ing kardi ||

--- 68 ---

15. sae amba wrat priyôngga | kantênane mangke paman dipati | andhap ungguling apupuh | yèn marêngi paduka | paman Kêrtasana prayogi ingutus | lan yayi mas ing Sarêngat | lan kakang ing Saosragi ||

16. angatungnaangaturna. kang nuwala | inggih dhatêng Paman Daha Dipati | nantun kasagahanipun | lamun paman dipatya | sinaguhan prayogi ta ingkang pupuh | yudanira Menakjingga | tanpa gawe bantu jurit ||

17. kônca têtiga wangsula | pacak baris ing ngriki pan prayogi | sêdhêng cêlak têbihipun | datan kontap ing mêngsah | tan gêpokan lingsêmira ing apupuh | jêr paman Dipati Daha | cupêt nalar ing wêwadi ||

18. angandika Layangseta | iya bênêr rêmbugira ta yayi | Si Paman Sindura busuk | kurang nganggo waweka | tan ngawruhi unggah-ungguhing wong agung | tan malipir kasujanan | sêgsana akarya tulis ||

19. dhapur mring dipati Daha | sampun dadya Kumitir nêbda aris | lah paman Menak Kalungkung | lan yayi Bagaspatra | lawan kakang Brajamusthi ingsun utus | nusul anèng Prabalingga | aturêna surat mami ||

20. nuwala sampun tinampan | sang dipati sira ing Saosragi | Sarêngat mangkat sawadu | antara saonjotan | gya kapêthuk tyang kang sami kawon pupuh | saya sinêrang lampahnya [lampah...]

--- 69 ---

[...nya] | anulya kapêthuk malih ||

21. wong brana sapirang-pirang | tinupigsa sasolahing ajurit | umatur kang kawon pupuh | wadya ing Majalêngka | samya anrot kalampah tandya kapêhuk | dêdamêl kang lorot aprang | saha atêtawan tangis ||

22. tinanya mangsuli tandya | Adipati Sindura wus ngêmasi | kasambut madyaning pupuh | wadyane tatumpêsan | para menak dêmang rôngga samya larut | dèrèng dumugi gyan tanya | kasaru wong wetan prapti ||

23. Buta Kotbuta mangrêmpak | gologothang rukdhênggung cukilmanik | gathodara juranggathu | wong bajobarang rayah | rujakpolo surabêthot sru manubruk | mangêdrèl nyampuling nyanggah | gêrènèng nyurung mêthungi ||

24. wong Kêrtasana manulak | wong Sarêngat Saosragi magusis | kathah pêjah rinaruwuk | kaplayu nandhang brana | pra dipati angawaki aprang pupuh | ngêtap kuda nyandhak watang | singa kang katrajang mati ||

25. kakênthung bèri gumêrah | surak lawan awor krutuging bêdhil | Kotbuta ngingêr mangrasuk | Angkatbuta mangrêmpak | Bagaspatra ingincih sêgsana nêmpuh | silih rok gêbang-ginêbang | Menak Kalungkung nulungi ||

26. Kotbuta nrombol manumbak | tatas Menak Kalungkung wus ngêmasi [ngêma...]

--- 70 ---

[...si] | mangrêbat wong juranggathu | manigas murdanira | Bagaspatra magiris tandya lumayu | Menak Brajamusthi ika | kinarutug ing campuling ||

27. ginanthol kuda wus pêjah | Brajamusthi cinanggah dèn kêmbuli | sinikut pusaranipun | rinusak dhinedhelan | kari ngadêg mung kari calananipun | Bagaspatra wus binêdhag | wong surarayah nadhahi ||

28. kinarubut ing ngakathah | sang dipati sru manumbak manitir | wong carukdhênggung magulung | mamrêm ngamuk mangrurah | Bagaspatra kang kuda rêbah wus lampus | mangamukira madharat | watang rinêbut wus kêni ||

29. cinanggah dening ngakathah | wus pinikut sarwi dipun dhèdhèli | wong gathodara marusuh | apan sawênang-wênang | jinogètkên sarwi tinimblisi pênthung | sinurak magiyak-giyak | bêbandan kalih dipati ||

30. binêgta mring Prabalingga | Angkatbuta Kotbuta manglut sami | sakancanira manglarug | prapta ing Pasuruan | ngobong-obong anjarah-rayah amikut | Kumitir lan Layangseta | samya gugup tanya kalih ||

31. datansah abilulungan | wôngsa ing jro bubar larut kang baris | Buta Kotbuta wus rawuh | saha balakuswala | ngobrak-abrik mamêdhang manuduk-nuduk | nyampuling masrê manyanggah |

--- 71 ---

kakêndhang bèri munyatri ||

32. wong Majalêngka abubar | ting salêbar tambuh dènnya mangungsi | pra mantri kathah kapikut | Kumitir Layangseta | kêkadhalan maniba tangi lumayu | anjarunthul turut jurang | Menak Madiun kawarni ||

33. sira Gajah Têpèngsara | Balaruci kapanggih pipit sami | arakit sawadyanipun | wus dangu anèng wana | labêtira kabruntak wong Majalangu | dhasare nora pitaya | tinindhihan radyan kalih ||

34. mila ing manah sumêlang | para ratu dènira nglurug jurit | Seta Kumitir wus pangguh | lan Gajah Têpèngsara | Balaruci kang kuda kalih pinundhut | swandananya pan wus pêjah | asêsêg dipati kalih ||

35. dènira mangsuli sêbda | sinaosan liyane ngagêm jurit | Layangseta asru bêndu | ngundhat mangundhamana | Dyan Kumitir anarik curiga gupuh | kuda kalih linarihan | kapisanan wus ngêmasi ||

36. wadya Gajah Têpèngsara | Balaruci samya dipunkêjèpi | gya giyak ngêdrèl kumrutug | dyan kalih nêbas-nêbas | pinêtakan lumayu manusup-nusup | dipati kalih wus têbah | rêmbug nungkul mring apati ||

37. anulya minta utusan | sigra mentar prapta ngarsaning patih | umatur ulun ingutus | mring Gajah Têpèngsara [Têpèng...]

--- 72 ---

[...sara] | pan nagari kalihira ing Madiun | anungkul dhatêng paduka | kalih Menak Balaruci ||

38. ingkang duta saha sêmbah | yèn ing mangke kalih ulun dipati | datan eca ing tyasipun | ngabdi nèng Majalêngka | sêdya beluk ngabdi paduka pukulun | narendra ing Bêlambangan | ingkang gung kasmarèng galih ||

14. Asmaradana

1. kasmaran ingkang miyarsi | Kotbuta lan Angkatbuta | lah utusana dèn age | ngaturi ing gustinira | luwih rumojong ingwang | beluk marang jêng ingsun |Kurang satu suku kata: beluk marang jênêng ingsun. kang ponang duta umêsat ||

2. prapta aturnya wus titis | dipati kalih lumampah | wus prapta sasolahnya nor | ki patih ngrakêti sabda | sami sinêtya-sêtya | myang janji toging apupuh | pra dhaèng lan para rôngga ||

3. dhasar mêntas mênang jurit | gumêntar swara gumêrah | ya ta kêsaru praptane | utusanira ki patya | lêlurah kajinêman | Udanprahara ranipun | lawan pun Baratkatiga ||

4. mangah-mangah wêdana brit | lir sêkar wora-wari bang | anyana yèn olèh gawe | wus titi ing aturira | angaturkên kêpala | têrsôndha Menak Kalungkung | lawan ngaturkên babêstan ||

5. Jagaraga Brajamusthi | ing Sarêngat [Sarênga...]

--- 73 ---

[...t] Bagaspatra | Sang Sribêsma andikane | hèh yayi mas ing Madura | paran ing karsanira | Sri Baudhêndha umatur | dewa ji yèn padukarsa ||

6. prayogi dipun têlasi | jamaknya wong kalah aprang | amanggih pati têmahe | lamun ta ajriha pêjah | ing nguni punapaa | tan têluk dèrènging pupuh | angêdohi tindak nistha ||

7. Sang Sribêsma manêbda ris | lêrês yayiku Madura | anêdha pinatèn age | ya ta sampun kêlampahan | binunuh ing ngakathah | tinigas murdanira wus | Bajramusthi Bagaspatra ||

8. dyan wontên utusan malih | sing Patih Buta Kotbuta | atur uninga sang rajèng | ing mangke rêkyana patya | wus ngancik Pasêdhahan | Seta Kumitir wus pangguh | nanging ngoncati barisnya ||

9. mawut wadya samya ngisis | lan malih atur wuninga | dipati Madiun karo | aran Gajah Têpèngsara | kithanira ing Gêlang | lawan malah aranipun | Balaruci ing Kinancang ||

10. têluk dhatêng kyana patih | tan mawi kêrana aprang | lajêng kinanthi samangke | baris anèng Pasêdhahan | lawan miyarsa warta | Rônggalawe arsa rawuh | ing Tuban sabalatôntra ||

11. pasisir môncanêgari | Sri Bêsma kêlangkung suka | kang duta tinulak age | sarta paring mimis obat [o...]

--- 74 ---

[...bat] | mring Madiun Dipatya | sarta makutha lan kudhung | dhuwung kampuh myang calan ||Kurang satu suku kata: dhuwung kampuh myang calana.

12. miwah inuman ngajurit | branduwin arak wêragang | datan kawarna lampahe | gênti ingkang kawursita | Rônggalawe ing Tuban | sakônca wadyakuswa nung | papta ing Bangil malatar ||

13. wus tarub kawula alit | têluk mring Ki Rôngga Tuban | ya ta duk sarêng praptane | pra dipati para menak | rôngga lan sinang arya | akumpul dhahar akêmbul | kang gêndhing munya angraras ||

14. anginum dhahar wêradin | ya ta sawusnya bibaran | sowang-sowang mring kuwone | kasaru Dyan Layangseta | Kumitir guwalan |Kurang satu suku kata: Kumitir gurawalan. sumungkêm ing pada gupuh | angling Sang Dipati Tuban ||

15. putraningsun radyan kalih | sampun amônca udrasa | paran purwa wusanane | umatur Dyan Layangseta | dhapur ulun dinuta | dhatêng maha ratu ayu | kinèn nindhihi paduka ||

16. minôngka tingaling jurit | jênêngi gèn tuwan aprang | nging lajêng mangetan nèng ngong | ngêntosi dhatêng paduka | kalamèn botên prapta | kawula lajêng umagut | dhêsêg dhatêng Prabalingga ||

17. botên nyana botên ngimpi | para menak kêpatihan | ing tingal wus malih kabèh | kaot lan tiyang Blambangan | anèng ngarsa manulak [ma...]

--- 75 ---

[...nulak] | ambanggèl ngêpruk ing mungsuh | kawula kasoran aprang ||

18. wôngsa ing jro mawur gusis | kèdêg karoban ing lawan | wantu wong Madiun kabèh | ing Kêrtasana Sarêngat | Saosragi kêlawan | Kotbuta Katbuta magut | kawula karoban lawan ||

19. kasangsang ing ganjur lungit | wong Majalêngka sumêbar | mila kawula lumèngsèr | yèn paman inggala prapta | kados tan manggih tiwas | mèsêm Ki Rôngga amuwus | lêrês anak jêngandika ||

20. Dyan Seta umatur aris | Paman Dipati Sindura | ing mangke wus têkèng layon | tumpês ingkang balatôntra | dipati para menak | ambalik nulak anapuk | punika tiwasing paman ||

21. wimbuh pun Katbuta patih | Kotbuta sami mangrêmpak | paman kaloloh yudane | pitambêt cidraning aprang | têmahan kenging gêlar | Ki Rônggalawe angungun | wusana alon ngandika ||

22. wus pinasthi ing Sugsma di | kakang Dipati ing Daha | kasambut anèng palugon | tansah kumêmbêng kang waspa | matur Dyan Layangseta | tyang wetan ing mangke manglut | baris wontên Pasêdhahan ||

23. wangsul paman adipati | ing mangke karsa paduka | kadospundi ing palugon | nagari

--- 76 ---

ing Majalêngka | paduka kang kawogan | timbalane ratu ayu | ulun kinèn dados tingal ||

24. anggêp paduka ing jurit | tênapi kang pra dipatya | para menak sêkathahe | ulun sumôngga ing tuwan | mênggah dadosing aprang | tênapi sirnaning mungsuh | ratu ayu wus pitaya ||

25. dumugia gunêm-kawis | sang adipati ing Tuban | ing dalu tan winiraos | enjang budhal saha bala | nglanggar mring Pasêdhahan | kadi gunung alêlaku | lir samodra rob bêlabar ||

26. lir sêkar sêtaman asri | sinang lir gunung pawaka | kêbêg mandrawa pênuhe | sasotya abra kumilat | jatha mangarab-arab | lir sêdhênge môngsa catur | gora-rèh magra ruhara ||

27. têtunggul kêkôndha asri | lêlayu lawan bandera | teja wangkawa pindhane | gumawang-gawang ing tawang | lir obar-abir sinang | nagri ing Bangil kapungkur | lir pêgsi glar ngara-ara ||

15. Dhandhanggula

1. sira Buta Kotbuta winarni | Balaruci Gajah Têpèngsara | agunêm rèh ing palugon | rêmbug kang baris mundur | sawetane ing Kalicacing | mancal ing Pasêdhahan | saha bala daut | winawratan bangkat-karya | wus winawrat bobot-boboting [bobot-bobo...]

--- 77 ---

[...ting] ajurit | mring Rônggalawe Tuban ||

2. ingkang dadya pakeringing galih | iya Ki Rônggalawe ing Tuban | ambêg budya santa tyase | waskithèng glaring wadu | saha dasih sakuswa mantri | rôngga menak dipatya | mèstuti tyas kêmbul | raharjwa surèng wêweka | wignya ngadu ing balatôntra mamrês sih | sumbaga anjayèng prang ||

3. tan pakewuh dènnya mrih ajurit | ayêm ginasah awasing gêlar | ngarah-arah pakewuhe | patitising apupuh | pilih tandhing gêlaring jurit | jêr Buta lan Kotbuta | tau padha wawuh | bodhol angunduri lampah | pacak baris sawetaning Kalicacing | mangungkang ing hèrnawa ||

4. biting kapang amidêr miranti | sinêla-sêla ing kalataka | sarya minta bantu age | mring prabunira gupuh | Sang Sri Bêsma bantoni baris | daut ing Prabalingga | sabalakuswa nung | pêmbarisannya mêlatar | biting ropoh anèng sawetaning kali | mariyêmnya pinasang ||

5. malih warnanên Dipati Tubin | mangu sarêng prapta Pasêdhahan | wong wetan sampun lumèngsèr | wadya rêrêp sadalu | sang dipati sêgsana enjing | budhal sabalakuswa | lumrang wra supênuh | lir jalanidhi lumembak | rênggèng surya sara [sa...]

--- 78 ---

[...ra] busana lir sangking | udaya giri bêsma ||

6. sampun prapta sakilèn bênawi | abaris gêlar atata tingal | pinasang kalatakane | sabala bra supênuh | lir maendra sêkar mangalih | sunar lir arka merang | gêbyar-gêbyar santun | pating karênyêp kumilat | pêrnatèng rat sangsaya minuni sari | anging tan ngajak aprang ||

7. atênapi wong wetan abaris | datan ana purun mêdal aprang | eca nèng jro biting bae | tansah asami nayub | sêsauran kang gêndhing muni | surak ambal-ambalan | kang gêndhing gumuntur | sadintên sadalu datan | ana wong prang kang gêndhing munya angrangin | mawantêr kawiragan ||

8. lamun dalu sumuk mring wiyati | oborira padhang pabarisan | ngakasa angêmu tinon | mega-mega anglayung | lir raina padhanging sami | myang wadya ngambil tirta | mring kali asêlur | obornya saparan-paran | ting kalêncar munggah mudhun ing banawi | wimbuh sri di winulat ||

9. dungkap kalih dintên kalih ratri | datan ana amêtoni aprang | lèrèh padha pêngarahe | miranti siyang dalu | miwah ingkang para dipati | ngumpul pakuwon Tuban | ôndrawina nayup | mêntarakên kawiragan | kasêntikan abêgsa [a...]

--- 79 ---

[...bêgsa] rinakit-rakit | gêndhing munya angraras ||

10. wênèh bêgsa rakiting ajurit | kang sawênèh ana bêgsa dhadhap | bêgsa kêmbang lan jêbênge | sawênèh bêgsa gambuh | wênèh bêgsa anginum warih | ngêdhasih ponang sênggak | lokira gumuruh | kang kêplok ambal-ambalan | sang dipati tansah umèsêm ing galih | myat kasukaning liyan ||

11. ingkang dadya gawoking ningali | lamun bêgsa Arya Purbarana | lan Kêrtagnyana sisihe | rèh gora-godha digung | aprakosa ngobahkên bumi | Kumitir Layangseta | bêgsanira baut | bêsus rarasing wirama | sapêngadêg solahe awor lan gêndhing | dadya pangeram-eram ||

12. Yangyang Utara wora sang krami | ri sêdhêngnya ngira mamrêsing dyah | urub sasolah netyane | radyan patih amungguh | sisih lawan Menak Widuri | ing Pathi kadya kêmbar | solah wiraga nrus | tan kabatang angsung rimang | mung sêdhêpe prawira amrak-atèni | lir Nakula Sadewa ||

13. liyaning pra menak pra dipati | samya dawêg tan ana kuciwa | Ki Rônggalawe duk anon | mèsêm suka ing kalbu | tandya dhahar minum brênduwin | sawusnya akasukan | Sri Bêsma kawuwus | agiyak-giyak wurahan [wuraha...]

--- 80 ---

[...n] | Sang Sri Bêsma acucut dènira ngibing | mangèdhèng kasêntikan ||

14. sumrap kênthung bèrinya tan kèri | wadya wênèh bêkik sêsauran | têka dadi pêpantêse | wênèh kang para ratu | ingkang gêndhing acarabali | wênèh kala gumêntar | wênèh slomprèt tambur | sawênèh rêbab biolah | sasukane wusnya dhahar minum warih | kêmbul apêrjanjian ||

15. para rôngga para dhaèng sami | para menak tinandhing ing aprang | Malangsumirang ature | sumbar-sumbar gumuruh | lir gapyuk kang padha sawêngi | miwah kang para lurah | tansah ngajak pupuh | Sri Bêsma kêlangkung suka | juranggatho gathudara dèn lilani | miwah wong gologothang ||

16. bajobarang rujakpolo manik | caruk dhênggung myang wong surarayah | gumêrah kasaguhane | wênèh ana bêngkilung | putêr-putêr pêdhang ngajrihi | wênèh amain tinggar | wênèh onclang pênthung | gol-ginalgol-ginol. mata mucithat | pèngêl mangkrak datan kawarna ing ratri | ngantya durmèng kasukan ||

16. Durma

1. kawarnaa sira Radyan Layangseta | enjing nyêpêng wong Bugis | juru pêkathiknya | sira Sri Jarumaka | kupingnya pinêrung sisih | cinukur mrapat | gya kinalungan tulis ||

2. dhapur dhatêng Raja Bugis Jarumaka | sêrat pênantang jurit |

--- 81 ---

sêgsana wus prapta | ngarsane Jarumaka | kagyat sarêng aningali | wêngis sabda kras | sêrat binuka aglis ||

3. bêbukane pèngêt ingsun Layangseta | kang angsal sihing gusti | tur ingkang minôngka | pamugarining laga | praptaa mring Raja Bugis | Sri Jarumaka | yèn padha wong linuwih ||

4. anabranga sira kuloning bangawan | payo tandhing lan mami | yèn dhasar prawira | prajurit sura mrata | eman jênênging narpati | yèn tan wania | angur nisila têki ||

5. Raja Bugis iku cocote lir luwak | tan pantês awor jalmi | akuthuh tur mangkak | ngawula menak alas | ratu jêjêmbêring bumi | tan wurung sira | dadi sasrahan pati ||

6. sampun putus ungêle ingkang nuwala | sigra ngabani dasih | Dewa Jarumaka | sabala sakuswala | bêngkilung gêbyur bênawi | wong kawan nêmbang |nambang. ngrêngês anèng ing warih ||

7. gamanira mung cundrik lamêng kulewang | towok wêrgu cêmpuling | nglangi ting kurambang | Bugis sapirang-pirang | pinentaran tan ngunduri | pan kathah pêjah | prandene tan ngunduri ||

8. sampun nabrang ing sakuloning bangawan | Jarumaka awêngis | saha bala nrajang | mangrêmpak pabitingan | ingêdrèl nora nêdhasi | nuduk [nudu...]

--- 82 ---

[...k] magalak | Layangseta manggêndring ||

9. amarêngi pabitingan ing Lamongan | Sawunggaling Garêsik | dharat sikêp watang | gègèrira puyêngan | kadi gabah dèn intêri | Sri Jarumaka | mangrot angowak-awik ||

10. sigra mangsah Menak Tohpati Nglamongan | Sawunggaling Garêsik | dharat sikêp watang | balanira kinêtap | akèkèt rok silih ungkih | kuwêl sakut prang | wong Bugis kadi bêlis ||

11. Jarumaka anguwuh mring Layang Seta | papagên tandang mami | payo Layangseta | padha wong sura mrata | ngling sarta mêncak nampiling | nyukit macithat | nêpak lamêng makitir ||

12. mêncak milar manapuk mangering nganan | singa tinêpak mati | maputêr nêrajang | nglamêng sarwi amilar | Sawunggaling anadhahi | landheyan patah | lawungira manarik ||

13. nabêt langkah mring Jarumaka lumumpat | Tohpati anglarihi | tinangkis watang crah | rinukêt jaja bêncah | tinigas murda cinangking | ambyuk mangrêmpak | wong Bugis golong pipis ||pipit.

14. Sawunggaling sampun katanggêban papan | kinrocok ing campuling | rêbah wus katigas | sirah kinarya onclang | sira Sang Dipati Tubin | duk amiyarsa | dukanira tan sipi ||

15. amarêngi Radèn Arya Purbarana | lawan [la...]

--- 83 ---

[...wan] rahadèn patih | nèng ngarsa dipatya | kalih umêsat sigra | kêlawan wong jodhipati | prapta ing ajang | rêbut rok silih-ungkih ||

16. wadya Bugis nampuling ginêbang kentas | nusup kasundhul biring | amêncak tinumbak | milar-milar winatang | nadyan buntunga kang biring | lamun ingancap | nadhahi pêdhang biring ||

17. kang katlampik pan akèh dugang-dinugang | manglut maputêr biring | cinundrik tan pasah | wong jodhipati panggah | winangkris Bugis kèh mati | radyan apatya | kinarutug ing jurit ||

18. sinakawan liniman dyan arya panggah | linamêngan tan osik | cinundrik pinêdhang | tansah wayang-wayangan | mangrêsthawal tinampiling | pèngêl kalênggak | binithi crah kapicil ||

19. Purbarana kinêmbulan ing ngakathah | gêbang buntar mabiring | maju-maju pêjah | tumbak cinuthat kentas | akathah maju pinandhi | wangke kumawang | dhupak manganan ngering ||

20. Jarumaka amêcah milar tinrajang | tinadhahan lan biring | katulak manrajang | malih ginêbang kentas | amamrêm abutêng mangrik | mire lumumpat | sarwi anangkis biring ||

21. gapyuk macok ing driya kuwêl magalak | Purbarana tan osik | mangungkil binuwang | dhawah mangering nganan | nigas kapala prajurit | tigas matatas | gapyuk wor kèkèt malih ||

22. ing Sêdayu Adipati [Adipa...]

--- 84 ---

[...ti] Purbarana | wêtus lamêng lan kêris | mapagut putêran | kalih sudirèng aprang | mangungkil biring mangungkih | Sri Jarumaka | tininggil tiba têbih ||

23. anututi Dyan Arya Jayapuspita | ngancap kêt pinggang muntir | kang rema mangikal | mangitêr anèng tawang | winuwung Sang Raja Bugis | dening curiga | salang tatas ngêmasi ||

24. wus gumulung pra dipati para menak | mangrêmpak mring wong Bugis | maninggar manumbak | mistul manumbak mêdhang | manah amasêr jêmparing | maglut manigas | saya kathah kang mati ||

25. wadya Bugis lir sulung lêbu-tumangan | wangke sungsun matindhih | kang nabrang bêngawan | tinadhahan wong Jipang | Krêtagnyana anumbaki | asarah watang | bêngawan mili gêtih ||

26. wadyabala anggêbyur aramon watang | wong Jipang amentari | wangke ting kurambang | ing wuri jêjêl nabrang | Katbuta Kotbuta patih | kadya kitiran | lawung mangampah jurit ||

27. Rajèng Bali ingangsah ngadhang-adhangan | mring Prabu Urubêsmi | wong wetan malatar | aglar anèng pinggiran | sampun sinapih kang jurit | ingkang wus nabrang | tumpês tan ana kèri ||

28. sampun sami makuwon ing pabitingan | sira Sang Urubêsmi | siniwèng pra arya | pra menak pra dipatya | rôngga dhaèng para mantri | ya ta ngandika | mring Sang Madura Aji ||

29. yayi prabu

--- 85 ---

paran prayoganing lampah | pakewuh dènnya jurit | lamun tan linanggar | wadya akèh kang rusak | tan kêna kinrokos jurit | kalamun datan | linanggar tan nglanggati ||

30. dèn antosa sacôndra môngsa nglawana | paran rêmbagnya yayi | matur Sri Madura | dewa ji yèn kawula | yogi ginêbyuran sami | sira bêjaa | pasrah Hyang Sugsmana di ||

31. Rajèng Bali tinari nênggih aturnya | yèn marêngi dewa ji | yogi kinêrtêgan | nênggih ingkang bêngawan | ngong merang wurung ngajurit | mendah ta ingkang | pocapane ing bumi ||

32. lamun datan dados sarêmbag punika | suwawi milih-milih | sabrangên kang kêna | cinacap dening kuda | nadyan têmpuh jroning kali | yya têbih lawan | pabitingan kang lami ||

33. Raja Kêling tinari ya ta aturnya | ulun rêmên anganti | tan kenging ingucap | nadyan sasèn-sasèna | arjaning bala kang pinrih | lan sampun ngantya | cuwa karsa narpati ||

34. yèn kenginga tuwanku sampun kumôngga | amondhong prabu dèwi | ywa ngrisakkên bala | lawan sampun sangsara | Buta Kotbuta tinari | lah paran bapa | prayoganing ajurit ||

35. sira Buta Kotbuta matur wotsêkar | lamun suwawi gusti | baris ingunduran | dimèn wong kulon nglanggar | dhatêng sawetaning kali | tuwan mundura |

--- 86 ---

mring Prabalingga gusti ||

36. kang supados pun Rônggalawe ing Tuban | galak anêmpuh jurit | gampil tinadhahan | mila mangke tan nglanggar | ering mring paduka gusti | aliting manah | manungsa Maospait ||

37. tangèh lamun puruna mungsuh lan tuwan | salumahing pratiwi | kurêbing akasa | tuwanku tanpa timbang | yèn nêdhasana prajurit | Dipati Daha | prandene tan kuwawi ||

38. mila sangêt jèngkèngipun dhatêng tuwan | gusti ngamungna mami | kang umagut ing prang | lawan sapalih raja | pra menak rôngga dipati | anging paduka | sampun tega ing dasih ||

39. dhadhalira ing wingking sampun kadhadhal | tuwan nglambunga aglis | wondening kawula | baris tan têbih kitha | lêhêng kapara ngunduri | kang pinrih nroda | mêngsah ing Maospait ||

40. kang supados kenginga linanggar ing prang | têmah ènthènging jurit | Dipati ing Tuban | kalamun dèrèng nyabrang | ginêbrak ing rèh tan kongkih | ayêm ginasah | papanira miranti ||

41. Sang Sri Bêsma sakêlangkung dukanira | anyêntak sabda wêngis | liwat merang ingwang | nganti mundur sajangkah | mendah Ratu Majapait | ngèsêmi mringwang | sinêngguh sun gumingsir ||

42. lèrèh têmah miranti srayaning aprang | kurang gugu Kumitir | kaya dudu lanang | wong agung ing Blambangan | wiguh-wiguha ing pati | matur wotsêkar [wotsê...]

--- 87 ---

[...kar] | Buta Kotbuta Patih ||

43. hèh prabuku pukulun ginalih ingwang | rêbut rok silih-ungkih | nèng madyaning aprang | ulun mundur sajangkah | cacahên sabiting-biting | lamun kumêcap | mengo sagodhong pati ||

44. sinosoga ing ganjur biring kang ngatap | tanna langkung dewa ji | mung wagêda aprang | rèh mungsuh ayêm aprang | prajurit prangnya matitis | datan maganas | kewran tangkêping dasih ||

45. para raja gumuruh ngêmbul aturnya | Buta Kotbuta patih | wus lilih Sri Bêsma | kondur mring Prabalingga | pra raja menak dipati | dhaèng pra rôngga | daut sakuswanyatri ||

46. sira Buta Kotbuta mundur sêgsana | maglar atata baris | nèng kikising kitha | menak raja dipatya | sapalih sampun rinakit | gantya kawarna | sri nataning ajurit ||