Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Bêdhahipun Ing Mangir, Sasrawinata, 1922, #930

Katalog:Babad Bêdhahipun Ing Mangir, Sasrawinata, 1922, #930
Sambung:-

Punika Sêrat Babad Bêdhahipun ing Mangir

Anyariyosakên duk Kyai Wanabaya, kêpanggihipun kalayan Radèn Ajêng Pêmbayun, ngantos dumugi pêjahipun wontên ing Matawis.

Kapêthik sarta kaewahan dening Radèn Wadana Sasrawinata, abdi dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun tuwan G. C. T. van Dhorêp èn Ko ing nagari Samarang – Surabaya taun 1922

--- [1] ---

Punika Sêrat Babad Bêdhahipun ing Mangir

Anyariyosakên duk Kyai Wanabaya, kêpanggihipun kalayan Radèn Ajêng Pêmbayun, ngantos dumugi pêjahipun wontên ing Matawis.

Kapêthik sarta kaewahan dening Radèn Wadana Sasrawinata, abdi dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun tuwan G. C. T. van Dhorêp èn Ko ing Samarang – Surabaya 1922

--- [2] ---

...

--- 3 ---

1. Mêgatruh

1. pujaning srat sinawung sêkar mêgatruh | truhing tyas manuksmèng gêndhing | gêndhing rarasing pangimur | pangimuring manah kingkin | kingkin kakênan wiraos ||

2. wiraose srat babad cariyosipun | anênggih Ki Agêng Mangir | Wanabaya namanipun | kang dahat mêmuja ing sih- | ira Hyang Suksma katongton ||

3. awit saking gadhah pusaka kêlangkung | waos dhapur Barukuping | langkung agêng manahipun | tan purun karèh narpati | tyas bêguguk nguthawaton ||

4. pambêk wêntar kuwawa kyat sura digung | tan purun seba sang aji | ing Pajang kala rumuhun | nganti prapta jaman mangkin | Mataram gumanti katong ||

5. datan purun nyêmbah panjênêngan ratu | kulawangsane prasami | kang môngka dadya pangimur | sangêt dènira ngaturi | sowan na Mataram katong ||

6. kiwa têngên nagari sampun tumêlung | atur rêruba paniwi | Kêdhu Bagêlèn Madiun | Jêpara Kadhiri Pathi | Pajang Sêmarang sumaos ||

7. mring Mataram bulubêktènipun katur | pan namung kantun ing ngriki | kang dèrèng sumuyut ratu | mêkèwêt [mêkè...]

--- 4 ---

[...wêt] tur bawah alit | kirang prayogi katongton ||

8. salêrêse ngriki kabawah Matarum | ngêndêlkên punapa kyai | kawon ing sabarangipun | kawon wadya kawon aji | sabarange sruwa kasor ||

9. sun pamèkkên katepankatepang. mangrangsang gunung | cêcebol manggayuh langit | lir durèn kalawan timun | paran margine kuwawi | paduka lawan sang katong ||

10. ya ta Kyai Wanabaya nglingnya bêkuh | pan Allah kang duwe bumi | ingsun suwita Hyang Agung | tan ngawula Senapati | jêr padha titahing Manon ||

11. ingsun namung ngukuhi duk purwanipun | gone cakal bakal kyai | kang suwargi bubak macul | tan nyênyambat liyan janmi | rêkasa têmah dadi gon ||

12. lan ingsun tan nêja nyikarani ratu | sun tan nêja dadi aji | jêr sun dudu waris ratu | apa kang ingucap malih | nging tan gêlêm karèh ingong ||

13. iya marang sakpêpadhaning tumuwuh | nanging sun pratignya mangkin | sun gêlêm nyêmbah mangulun | mring sakpêpadhaning janmi | yèn ana janma kang tanggon ||

14. anadhahi marang pucuke tumbakku | tumbakku Ki Barukuping |

--- 5 ---

wasiyate lêluhurku | kulawangsane prasami | jêntung tan kêna miraos ||

15. sabên mangap arsa ngrarêpa umatur | cinêgatan sabda runtik | cinêndhak caritanipun | Ki Agêng Mangir ngêmasi | putrane ingkang gumantos ||

16. sabarange tan siwah sudarmanipun | nama myang têtêp nglungguhi | ing Mangir sadayanipun | mangke malah angungkuli | panbêkepambêke. lan kang wus layon ||

17. maksih anom warnane sêrada bagus | baranyak ladak nylakênthing | jêr bèdhèk kêladuk bêsus | wus jaka sêpuh kang wanci | keringan sêsamaning wong ||

18. Wangkit Praga mangalor Mlarang kawêngku | mangidul Tandhês pasisir | mangalor prapta ing Bantul | kang wus samya mangèstuti | mring Mangir môncapat golong ||

19. rina wêngi kasukanira anutug | biyunge sing pakêr nguni | bêguguk tan purun ngulun | marang nagara Matawis | sêsumbar mitakuti wong ||

20. kunêng gantya sêkarêng ingkang kawuwus | Senapati Ngalaga Ji | ing Mataram kang amêngku | ri sêdhêng miyos tinangkil | pêpak upacara katong ||

21. ing paglaran sumewa gara supênuh |

--- 6 ---

pênuh rêsmining naya di | makilat tathitthathit. abarung | tejamaya kumênyar sri | mangas kaprabawèng katong ||

22. busana bra sumirat gônda sumuluh | wus sebak mahendra sari | sarining raras sumawur | sênêning praja nglangêni | dumêling luhur katongton ||

23. pracinanepracihnane. narendra rêmbêsing madu | trahing danawa rih yêkti | wijining tapa pinrês kung | kasub kasumbagèng bumi | palguna digbyèng palugon ||

24. sri narendra pinarak nèng sitiluhur | rumênggêp dhampar rukmadi | prabane pra mega santun | pating pêncorong kaèksi | lir sudama sèwu abyor ||

25. wahyuning sang yayah lir Bathara Wisnu | mangrêmpak Prabu Selardi | tuhu kêlamun piturun | pakuningrat tanah Jawi | jumênêng Mataram katong ||

26. sah ingayap sadhèrèk myang para sunu | Dipati Môndraka ngarsi | Jayasupônta Tumênggung | myang Martalaya Dipati | tênapi Tumênggung Bacor ||

27. Saradipa Dipati Pathi ing Kêdhu | Pajang Dêmak Sokawati | sumiwi ngayunan mulku | Senapati ngandika ris | paman Môndraka sun taros ||

28. aprakawis padhusunan Mangir niku | tita [ti...]

--- 7 ---

[...ta] tumêka ing mangkin | bêguguk tan purun ngulun | mêrdaya kêraton mami | yèn suwawi rinêbut rok ||

29. tinumpêsan sakbrayat lan wangsanipun | sipat lanang sampun kari | Dipati Môndraka matur | kawula botên suwawi | dèn sarèh karsa sang katong ||

30. nadyan ngalit tan kenging ginampil ripu | yèn lêpat anêrawasiandêrawasi. | karya risaking wadya gung | tur nistha jênênging mulki | amêngsah bêkêl bêbaon ||

31. ing rèh wontên kang dadya pakèwêtipun | gadhah pusaka ngajrihi | waos dhapuripun Baru | ampuhipun ngêlangkungi | tan kenging janma têguh tos ||

32. kêkulita têmbaga ingkang bêbalung | wêsi purasani tuwin | otot kawat kêre prunggu | katiban pucuking biring | balung gogrog awak bosok ||

33. timbalane nguni Sunan Ngadilangu | ingkang misik dhatêng mami | pun Mangir gamane punjul | tan kenging tinulak janmi | singa katiban anglayon ||

34. tur cinêtha dadya pusakaning ratu | kakêmbaranipun Kyai | Palèrèt ing benjingipun | pramila kang langkung rêmpit | binujuk alus kimawon ||

--- 8 ---

35. lamun sampun kenging waosipun Baru | tan wontên malangatèni | sakarsa paduka mulku | kawula dhatêng mèstuti | sri nata ngandika alon ||

36. yèn mêkatên prayogi andika rêmbug | arjaning lampah kang pinrih | myang arjaning punggawa gung | kang tan nisthakkên narpati | nging kang masthi antuk yêktos ||

37. tur sandika Dipati Môndraka muwus | hèh ta kulup Mangkubumi | tuwin sira Singasantun | sêdene Martalaya di | kapriye rêmbug sun taros ||

38. Jêng Pangeran Mangkubumi alon matur | Dipati Martalaya twin | myang Pangeran Singasantun | sumôngga aturnya katri | sapangrèh ulun rumojong ||

39. Sang Dipati Môndraka kala mêmatur | mring putra Jêng Senapati | yèn marêngi karsa mulku | duryat paduka sang suji | linurugna ing palugon ||

40. ngong pamèkkên ngambil mina jroning kêdhung | kang toya mêksiha wêning | ulamnya tutut kêcakup | mèsêm Kangjêng Senapati | ngartika sajroning batos ||

41. sri sudigbya jêngkar kondur angêdhatun | ginarêbêg para cèthi | mangangên-angên ing kalbu |

--- 9 ---

kagurawa byating sandi | sarawuhirèng kudhaton ||

42. tata lênggah ingayap kang para arum | warnanên pasowan jawi | ambabat kêncêng tyasipun | bubaran samya miranti | saksikêpirèng palugon ||

43. duk samana Hyang Endracapa wus surup | rêsmining purnama ganti | manglela padhang sumrah rum | kumênyar rêsêp nglangêni | sang nata ngandika alon ||

44. mring Nyai Tumênggung Adisara wau | lumakua ingsun tuding | paman Môndaraka iku | timbalana dipun aglis | lumêbu mring jro kudhaton ||

45. nêmbah lèngsèr Adisara sirèng ngayun | prapta Môndarakan panggih | canthika atata lungguh | kêlawan Sang Adipati | Adisara matur alon ||

46. jêngandika ngandikan putranta mulku | wontên pakarya kang dadi | gandrung wilanguning masbun | sarênga saklampah mami | Dipati Môndraka alon ||

47. sampun kerid tumamèng jroning kudhatun | rumantap ngayunan mulki | sang nata ngandika arum | hèh paman suwawi sami | andika kêlawan ingong ||

48. andugèkkên pirêmbug duk kala wau | pêpikir nèng siti [si...]

--- 10 ---

[...ti] murti | sintên kang dadya panuju | rumusak dhatêng pun Mangir | kang mitadosi pakewoh ||

49. Sang Dipati Môndraka tandya umatur | yèn marêngi jeng sang aji | duryat paduka dyah ayu | Dèn Ajêng Pêmbayun nênggih | linampahna ing palugon ||

50. Martalaya kang môngka rumêksèng kewuh | kinèn dados dhalang gusti | kanthia lan kadangipun | Jayasupônta prasami | rumêksa putra sang sinom ||

51. lan pun Saradipa dados panjakipun | Tumênggung Bacor ywa kari | kang minôngka nabuh kêmpul | Saradipa kang ngêndhangi | Saradula nabuh kênong ||

52. Adisara dadosa panggêndèripun | dene kêmpule prayogi | Ki Bicak kinarya tunggul | putra paduka sang suji | dèn akua anak yêktos ||

53. sri narendra dahat kapanujon masbun | paman manira marêngi | hèh Adisara digupuh | timbalana Si Dipati | Martalaya mring kudhaton ||

54. Jasupônta Saradipa Si Tumênggung | Bacor Saradula aglis | sandika Adisara wus | kang tinimbalan wus kerid | prapta ngabyantara katong ||

55. sri

--- 11 ---

sudigbya gupita cakcêma madu | sira nênêm ingsun tuding | sandi lumêksanèng kewuh | lan Si Adisara tuwin | sun gawani putraningong ||

56. janma nênêm kang alus rapêt ing laku | laku lumêksanèng sandi | sandine aywa kuwangur | yèn kuwangur bêbayani | mênyanga Mangir dialon ||

57. wruhanira Si Mangir ing mêngko pan wus | kênyatan wani mring mami | bêguguk tan gêlêm ngulun | de kang dadya karsa mami | wong nênêm kang padha golong ||

58. Martalaya dadia dhêdhalangipun | Sandiguna ingkang nami | Jasupônta aranipun | Sandisasmita kang nami | dene Si Tumênggung Bacor ||

59. sun arani Sandiupaya apatut | Saradipa mêksih lami | Saradula nora santun | Dèn Ajêng Pêmbayun nuli | tinimbalan prapta alon ||

60. sudarmendra nêbda luwês mangimur kung | sira nyawa ingsun tuding | ngulati tumbal praja gung | kang môngka nylamêtkên dasih | ngarjakkên sun dadi katong ||

61. ya Si Mangir darbe tumbak dhapur Baru | kacêthèng wirayat nguni | dadi pusakaning ratu | wus pasthi karsaning Widi | sira kang lumêksanèng don ||

62. wignya birat sukêr malane tyas [tya...]

--- 12 ---

[...s] ingsun | tur kang wignya musthi biring | biring kang ngaran Ki Baru | tur sira pan wus pinasthi | lan Si Mangir sapatêmon ||

63. yêkti dadi jatukrama putraningsun | pupusên karsaning Widi | jodho upamane lampus | lêta sêgara lan ardi | tan kêna tinambak ing wong ||

64. sang kusuma pyuh ing tyas jaja manjêlut | kabêlêt waspanya mijil | ngartika sajroning kalbu | nora kaya jêng rama ji | wong kênya kinèn nrang kewoh ||

65. yèn kawêntar iba ucape lyanipun | pêsthi akèh kang ngèsêmi | dene ènthèng bobotipun | Senapati Ngalaga Ji | sumêlang kênya kinongkon ||

66. nora luwih iku èsthining pakewuh | nanging yèn sun rasa maning | kêlamun datan miturut | marang karsaning sudarmi | duraka ingkang katêmon ||

67. rèhning wani abadal karsaning ratu | ratu gagêntining Widi | kapindho sudarma tuhu | yèn tan lumêksanèng tuding | tan manggih manising êndon ||

2. Dhandhanggula

1. lara pati yêkti tan ngingkêdi | bêkja cilaka wus padha atas | pininta ing

--- 13 ---

sakdurunge | duk lokil makpulipun | wus cinithak karsaning Widi | wusana sang kusuma | umatur mlasayun | mèstuti karsaning rama | sri narendra ngandika marang ing siwi | lir madu namur tirta ||

2. dhuh nah anggèr putraningsun nini | wus jamake wong dadi narendra | abot ènthèng mung linakon | nglakoni sapituduh | pituduhe pakarya masthi | masthine kang wirayat | wirayat kang mashur | mashure supaya dadya | dadya amrih pikukuhing praja niti | tiniti pujamôntra ||

3. ing wusana sira amèstuti | sapituduh pakoning sudarma | kêluwih tarimaning ngong | têka panyiptaningsun | sira sasat mèlu ngrewangi | jungjung kêpraboningwang | gonku dadi ratu | awit têka sudrapapa | sira mèlu narik kamulyan sun nini | iku dununging atma ||

4. lara kêpenak prihatin kingkin | panas pêrih lumiring sapakyan | mring sudarma wani tanggon | dhuh nyawa putraningsun | abot têmên wong dadi aji | tan ngetang anak kênya | prandene tinuduh | anrang sandining ngupaya | namung sira kang wignya ngrêksèng pamadi | sun srahkên mring Hyang Suksma ||

--- 14 ---

5. raharjoa lêstari kang dadi | anrang pringgabayaning kudadyan | kang nêja ngêntasi gawe | kang putra gya rinangkul | benjang sira yèn wus pinanggih | lan kang nêja murkèng rat | prihên seba mringsun | poma-poma aja sira | gêlêm nunggal surasaning priya èstri | yèn durung amêtokna ||

6. prasêtyane mring sira kang yêkti | gêlêma sumiwi marang ingwang | ya ladènana putrèngong | lan manèh wêkas ingsun | marang sira nini ywa lali | yèn kalimpe kang tumbak | lênganana gupuh | lênga diyan winorana | toyanirèng pulangyun kang putra nuli | winangsit mring sudarma ||

7. purwa kêdadehane kang biring | saking pulangyun natkalanira | pandhita bêntur tapane | kridhu mring dyah mamrês kung | sakêclapan campur pangèksi | lir nikmating pamrikan | ing karsa salulut | tan antara sang kusuma | anggarbini duk praptèng sêmaya lair | umijil sarpa digbya ||

8. Baruklinthing têngraning sarpa di | duknya lair kang sarpa pinarnah | nèng sukuning Mahendra grong | gunung Dira ranipun | tinutupan jêmbangan siji | ibune mêksih tapa | nèng pucaking [pu...]

--- 15 ---

[...caking] gunung | dene sang maha pandhita | duknya kridhu ing pamyat nikmating ngrêsmi | sêkala ngalih prênah ||

9. munggèng srêngganing bukit Mêrapi | sawusira ing alama-lama | sang sarpa sangsaya gêdhe | molah nèng sajronipun | ing jêmbangan swara mêlingi | ngakak atata janma | upase sumêmbur | pêcah kang ponang jêmbangan | dadi rawa kang sarpa wêspadèng ngèksi | pucake gunung Dira ||

10. ana janma têtapa rupèstri | pinaranan praptanirèng prênah | tanya-tinanya sebak wong | sapa sudarmaningsun | têngran miwah ingkang palinggih | ibune tutur wêca | yèn atmaning wiku | pandhita abêntur tapa | duk tinutur sang sarpa lumarap apti | ngulari kang sudarma ||

11. kèhing wrêksa kabarubuh dening | samedraning sawo dadi tansah | ngulatan datan katêmon | tan antara myat gunung | pucak ingkang rimawan kèksi | sujanma mangun tapa | katongton anyingkruk | sang sarpa lumarap nêja | kêprangguh mring kang tapa ngakak swaragni | lir sundar katyup ngangyan ||

12. ardawlika duk prapta srêngganing | bukit tanya mring kang nyingkruk tapa | kang tapa arum sêbdane | sarpa [sar...]

--- 16 ---

[...pa] apa sêdyamu | marang mring gyan wran mangun tèki | ardawalika nêbda | wruhanta sang wiku | marmamba praptèng ngabyanta | saklaminta tinitah tan wruh sudarmi | praptèng sêmangkenira ||

13. dhapur nêja têtakèn sudarmi | sang mêrtapa ririh sêbdanira | de prapta kene dhèwèke | sapa kang asung tuduh | ardawlika pratignya yêkti | mukyanta praptèng ngabyan- | taranya sang wiku | si ibu kang pajar sêbda | yèn sudarmaningsun nèng srêngganing wukir | ing kene prênahira ||

14. marmaningsun mangayuh srêngganing | bukit wusana katêmu sira | sira yêkti sudarmèngong | ri sang wiku nawung wus | dudu ing sudarmamu yêkti | sênajan sun sêsuta | ing satuhonipun | môngsa dadak mijil sarpa | basa janma sêsuta rupa sujanmi | sira dudu atmèngwang ||

15. ardawlika duk tinulak ing ngling | kyat bêl prêmpêng takrut nêpsonira | pêthit mahendra solahe | sirah ngadêg lir kuwung | swara ngakak otêr mêlingi | upas kumutug kentar | lir kucika takrut | sang pandhita rikalarsa | rinangkus mring sang sarwasarpa. gupuh dènnya ngling | sarpa sira nahêna ||

16. ingsun jaluk pratignyamu yêkti | yèn [yè...]

--- 17 ---

[...n] sirèstu sutamba sanyata | sakmedrane gunung kiye | ubêngana awakmu | kêmput sirah praptaning pêthit | kêlamun kêmput sira | sayêkti anakku | yèn tan kêmput sira datan | ingsun aku sang sarpa ngakak gumuling | tur ki mring suku arga ||

17. cipta nêja mangubêngi wukir | wukir tandya ingubêngan sarpa | duknya mèh kêmput ubênge | wêtara kurangipun | mung sajangkah sang rêsi angling | hèh sarpa mêksih kurang | angêmputi gunung | kurang sathithik kiwala | yèn tan kêmput yêkti tan sun aku siwi | ardawalika kurda ||

18. ilatira ingèlètkên mijil | duk mèh kêmput kang ilat pinêrang | ing lading dening sang kaot | ilat tugêl bêt pan wus | rah sumirat sarpa gumuling | lês kari dadya pêjah | kang ilat pinundhut | marang risang maha tapa | winor lading cinipta marang sang rêsi | tan suwe dadi tumbak ||

19. dhapur baru ingran Barukuping | sawusira ilat dadi tumbak | kang tumbak sinèlèhake | nèng srêngganing wrêksa gung | lamun ana janma udani | marang wujuding tumbak | katongton sarpa gung | sumladhang srêngganing wrêksa |

--- 18 ---

mung Si Mangir kang antuk nugraning Widi | kêlamun mulat tumbak ||

20. datan malih saksana ingambil | mring Si Mangir iku purwanira | duk kala kuna-kunane | praptèng mêngko lêstantun | dadya wasyatira Si Mangir | sang rêtna duk nirbawa | sêbdane sang prabu | mangrêti kagagas ing tyas | darma nêbda nini ingkang ngati-ati | tumbak iku wruhanta ||

21. pilih wong têguh timbul suh titis | yèn amrih suda mandining tumbak | tandya winuruk sang sinom | kawijayan digbya nung | pênawane upas kang mandi | panglêrêpaning kurda | pêngabaring têguh | pasirêpaning pasuptan | wus kêcakup mring putra Jêng Senapati | sênadyan ta wanodya ||

22. datan kewran pringganing arumpil | agal alus punjuling apapak | kaprawiranira kaot | mrojol ngakêrêp putus | ayu murti sêkaring puri | mangrasuk kang busana | busana manamun | sakêclapan wus tan paja | yèn mèmpêra kêlamun putra narpati | kang mêngku ing rat Jawa ||

23. nanging yèn wong kang sujanèng liring | lawan janma kang sujanèng cipta | lan kang sujanèng surtine | mingit lir tikswaning [ti...]

--- 19 ---

[...kswaning] hru | sakêclapan tan samar ngèksi | kang kênyanan lamun ta | putrane sang prabu | sênên gêbyaring wadana | nglela wênês mêncorong mancur dumêling | cahyane nuksmèng jagad ||

24. sinamuna winor gunging janmi | yêkti beda lan kang bôngsa sudra | lir lisah lawan tirtane | yêkti tan bisa carub | carub uga praptaning ngèlmi | gothanga salah juga | masthi jagad suwung | ri sampunira busana | sang kusuma umarêk ngarsèng sudarmi | sri narendra ngandika ||

25. wis ta nini mangkata tumuli | mumpung kalguk abêcik sangatnya | sira sun srahkên Hyang Manon | slamêta saklakumu | sêlamêta kang anèng wuri | poma ywa kênèng baya | sangsaraning sirtu | sêdene wong lima padha | ingsun paring kraharjan pringganing margi | poma kang wignya nyamar ||

26. puluh-puluh wus bêjamu sami | janma nênêm darbe ratu sudra | durung keringan samèng wong | pirabara ing besuk | arjaning rat ing têmbe wuri | ingsun malês mring sira | tumêkaning luhur | namung saiki kiwala | ingkang padha ngaksama mring sisip mami | poma ywa sak ing nala ||

27. padha sun kon lumêksanèng [lu...]

--- 20 ---

[...mêksanèng] sandi | sandènira nêmpuh byating pringga | yèn luput nêrawasake | sarwi mèsêm sang prabu | de kang samya pinaring ing ngling | kêpranan sêbda nata | samya sru angguguk | kabêlêt mijil kang waspa | paja-paja kang abdi mangajapa mring | pasihan sri sudigbya ||

28. kirang punapa sihirèng gusti | ingkang sampun kapundhi mustaka | cinancang pucuk kiswane | dasih duk mêksihipun | sudrapapa pinupu gusti | jinuju lir kukila | praptanirèng luhur | punapa kang winalêsna | mring sang nata kêjawi bêdhahing kulit | myang tugêle kang jôngga ||

29. datan langkung pamujining dasih | kang sru rinêngèng sakarènira | tulus ngabdèkkên dasihe | marca dêlahamipundêlahanipun. | myang tulusa mêngku ngrat bumi | sinihana Hyang Suksma | pamintaning ulun | pinanjangna yoswanira | myang tulusa arja kartaning nagari | sakwura-wurènira ||

30. ulun atur pratignya mring gusti | saupami ing Mangir tan bêdhah | bêdhah kêlawan aluse | suka gadêbalipun | cinacaha sakbiting-biting | pinanjraha lir kiswa | kang pinara sèwu | sri narendra ngling

--- 21 ---

tarima | pra mupadha asung pratignya mring mami | nata sarwi rawaspa ||

31. Adipati Môndraka sigra ngling | ingsun padha asung karaharjan | muga ywa na sêsikune | ring Hyang Kang Maha Luhur | matur nuwun tandya ngabêkti | ing pada sang mêngku ngrat | Dèn Ajêng Pêmbayun | ri sampunnya gantya-gantya | sri narendra anjurung puja sêmèdi | tinimbulkên kang putra ||

32. nata paring sakothak kang ringgid | rêbab suling tênapi kang gôngsa | bêlencong tênapi gêndèr | Ki Bicak gya pinundhut | pan kinarya tandhaning sandi | tinêmbang munya ngangkang | ngumandhang angungkung | muluk lir karêngèng wiyat | kapêrtandhan kêlamun unggul kang jurit | ing Mangir pêsthi bêdhah ||

33. Ki Bicak tandya pinaring maring | Saradula wus mranti karyanya | kapya ginanjar artane | rêtna pêkaja jumrut | pamit ahrêt tandya lumaris | sri nata angandika | mring Môndraka gupuh | hèh ta paman wong Mataram | undhangana sandi ngulari nak mami | murca saking kudhatyan ||

34. hèh ta paman ing ubaya mami | sapa sintên sujanma kang wignya | manggihakên putraningong | sayêkti lamun jatu- | kramanira [kramani...]

--- 22 ---

[...ra] tandya Sang Adi- | pati Môndraka undhang | mring wadya Matarum | myang dhawuh ika pêtêngan | samya kinèn jampangi kang lampah sandi | budhal sagunging bala ||

35. asrang gurnitanirèng koswa sri | kasba sebak kang watu sing arga | swandana lir angge-angge | pajêng krêndha rêratun | pênuh ingkang sara mêrapit | busana warna-warna | lir ujana santun | wus lêpas ing lampahira | srang asêlur mawijah maneka asri | makupu-kupu raras ||

36. nglaruk têkap madyèng sawodadi | datan lingên kridhanirèng kasba | kunêng kangjêng sang arajèng | kang tansah kyat manuku | maladi ning wasesa jati | pinujan taya maya | anggôndra Suksma Gung | purna sang mangnungkumanungku. puja | wus kadriya widrawa wasmayèng gaib | gaibe kraton nata ||

3. Kinanthi

1. kinanthi tindaknya laju | sira sang narendra siwi | sakmarga-marga rawaspa | kasrang kabêntèr ing rawi | kalintang dènira wuyang | wayang-wuyung sang sudèwi ||

2. kang drawaya adrês mêtu | praptèng pipya ingusapi | mining-mining sru kawangwang | ring sangsaya milangoni | nu kadar anjala dita | duk [du...]

--- 23 ---

[...k] sêmana sang rêtna di ||

3. kèndêl wrêsanèng wrêksa gung | sumrah kasiliring angin | sumyak swaraning kêkaywan | têmbarane gagrag sami | kongas rum rumêsêp ing tyas | sumrambah muryani liring ||

4. myang riyoning taru-taru | labête katur kèn riris | warnaning kang sêkar-sêkar | sumêdhêng amrok nrus minging | minginge mangrundah ing tyas | tyas mahanjum rêjasèng sih ||

5. swaraning pêksi milêt kung | isthane kadya ngurmati | kusuma kang anrang marga | kapyarsa saingga gêndhing | ri sêdhêng pathêt manyura | rinasa saya nganyut sih ||

6. manucuk pala gumantung | lir atur sêgah sang dèwi | gusti-gustiku punika | pisugatane kang abdi | karya jampining marlupa | sumrah mring sarira gusti ||

7. sang dyah wus mrawèndèng sêmu | sakèh sêsmitaning pêksi | pangèsthi asru kawuryan | sang dyah karênan udani | duk myat rarasirèng sêndhang | kinubêngan andong wilis ||

8. kang sêkar manglung mring ranu | tirtanira manrus wêning | rêsik wênês manis nyotrang | lumranging lembak rêspati | kang mina asêsliwêran | winulat têka ngalap sih ||

9. sihira sang rêtnaning [rê...]

--- 24 ---

[...tnaning] rum | sang dyah angandika aris | hèh ta nini Adisara | pêtêkana sikil mami | ngêthoke kalintang-lintang | Adisara gya mêtêki ||

10. sarwi rêngêng-rêngêng ngidung | mangimur trênyuhing gusti | kinarya ngaringkên manah | kang manah lir madu kentir | kentir wusanane kentar | kentare pinuji-puji ||

11. pinuji kraharjanipun | arjaning wong laku sandi | sandine ywa kawêdaka | wêdakane solah muni | unine dipun èstokna | pangèstuning sukmana di ||

12. wadine sinamun-samun | pasêmu kang migêna sih | ngasih-asih prana mulat | manrusi kang sêja apti | apti nanggap Kyai Dhalang | Sandiguna mèsêm angling ||

13. klayu rêngêng-rêngêng ngidung | pangidunge miyak puji | he Gusti Kang Maha Mulya | kang sipat samingun basir | kang èstu tan kêsamaran | samobah-mosiking dasih ||

14. saking pamintaning ulun | he Gusti kang mugi-mugi | angganjara karaharjan | arjaning dasih kaswasih | sih marma mring ratu kula | ginapilnaginampilna. kang kinapti ||

15. wontên malih kancanipun | Sandisasmita ngrarêpi | rêpine pinujamôntra | he nabiku [nabi...]

--- 25 ---

[...ku] kang kulihim | magêlar sarengating rat | kang ngrêngga sakèhing ngèlmi ||

16. nguyuni jagad sawêgung | mundhi wasesaning Widi | tur kang mêngku kodrading Hyang | ingakên kaanan tunggil | murbani ing kôndha warna | kawulane nênuwun sih ||

17. lêstantuna lampah ulun | gèn amba dinutèng Gusti | sêdene Gusti kawula | kadugèna kang kinapti | wontên malih kancanira | Sandiupaya ngrarêpi ||

18. rêpine nuwun pangèstu | pangèstu sinawung puji | kang pinuji walisanga | kang winênang animbangi | adêge agama Islam | winuri tumêkèng mangkin ||

19. kas gayuh têdhasing ngèlmu | hèh sagunging para wali | kang wus pan makripatira | kawula nênuwun idi | ngidènana tyang ngumbara | manglarug dinutèng Gusti ||

20. mugi ywa kenging sêsiku | sêsikune lair batin | kadugèna kang sinêja | panêjane lampah sandi | sandine karsa narendra | wontên kancanira malih ||

21. Saradipa wastanipun | kêlayu ngidung rarêpi | rêpine nêlôngsa minta | mring sagunging para mukmin | ingkang kas mangonahira | mangèsthi wujuding [wuju...]

--- 26 ---

[...ding] urip ||

22. uripe istiyar mashur | sarengat tataning bumi | bumi eka neka-neka | minurah sihing Sukma di | pinuji pinujamôntra | sinuwun pangèstuning sih ||

23. sih mring janma andon sirtu | mangudaya narinastri | trus tumrap mring ratu kula | kang mêngku nagri Matawis | kadugèna kang kinarsan | wontên kancanira malih ||

24. Saradula wastanipun | mangidung nênuwun kang sih | mring sagunge pra narendra | kang sinare tanah Jawi | kawula suwun kang barkah | mring janma kang andon laris ||

25. kadugèna kang kinayun | gustyamba Jêng Senapati | ywa nganti manggih sangsara | sangsarane lair batin | ya ta sang kusumaning dyah | jroning tyas mèsêm duk myarsi ||

26. saksana tindaknya laju | reyongan sakmargi-margi | wantune pyayi wanodya | rêndhêt dènira lumaris | sakêdhap-kêdhap ararywan | dadya tontonan sakmargi ||

27. lanang wadon samya dulu | kasmaran winor marmèng sih | pasihan sinawung sêbda | ki dhalang lamun marêngi | nyipênga wisma kawula | wontêna dwi lastri kyai ||

28. kawula wêlas sêklangkung | dhatêng [dha...]

--- 27 ---

[...têng] putra dika kyai | sêdene rencang paduka | kaping kalihipun malih | mangke dalu ulun tanggap | ngrigidangringgita. nèng wisma mami ||

29. kêparêng mêrtèni dhusun | Sandiguna anauri | lah kakang kula sumôngga | wisma paduka ing pundi | lan sintên nama paduka | namane dhusun ing pundi ||

30. ingkang sinung ngling gya muwus | yèn dika tanya mring mami | karan anak Pak Mugiya | Darpawôngsa nama mami | dhusun manira ing Mlarang | Sandiguna gya nuruti ||

31. umangkat sakancanipun | ing lastrilatri. sampun angrigidangringgit. | tinonton sujanma kathah | kathah karênan udani | kawarta dhalang nagara | laris dènnya manggung ringgid ||

32. lêt sêdalu lêt tri dalu | ki dhalang ingundang ngrigidngringgit. | ing mangke sampun kasusra | ki dhalang darbe sutèstri | sayêkti endah kang warna | warna manawang sitèngsi ||

33. sêmana pan lajêng katur | marang Ki Agêng ing Mangir | ki dhalang tandya ingundang | kapencut drêsing pawarti | mring sang dyah atmaning dhalang | ki dhalang pan sampun prapti ||

34. nèng tirahing pêndhapa wus | Ki Agêng Mangir nêbda aris |Lebih satu suku kata: Ki Agêng Mangir nêbda ris. namudana manis sumrah | sumrambah

--- 28 ---

amikênèng sih | Sandiguna nuwun turnya | Kyagêng Mangir malih angling ||

35. kakang dhalang dika niku | sintên kang pinujwèng nami | lan pundi pinangkanira | ki dhalang matur ngrêpa sih | nama kula Sandiguna | asli kula sing Kadhiri ||

36. dhèrèk gusti duk rêrumuhun |Lebih satu suku kata: dhèrèk gusti duk rumuhun. senapati ing Kadhiri | suwita rajèng Mataram | ing sêmangke sampun lalis | kapupu madyaning rana | kang sampyuh lan pun pêsagi ||

37. milamba wismèng Matarum | ananging kula kiyai | sakpêjahnya Senapatya | ngong nêja suwitèng aji | sang nata dahat tan arsa | pinurih mantuk mring asli ||

38. ulun inggih nêja wangsul | mantuk dhumatêng Kadhiri | kêparêng gawat kang marga | priyagung wetan prasami | baris nêja mangun yuda | kaping kalihipun malih ||

39. kêpalang tan gadhah sangu | badhe ngêmis pyayi nagri | kawula lingsêm kalintang | ngrèh sadaya sampun sami | priksa dhumatêng kawula | ngong pilaur barang ringgid ||

40. mring sakanteroning dhusun | sadaya kang dèrèng uning | sampuna paduka datan | ngong blakani kang sayêkti | awrat têmên tyang tinilar | mring gusti kuwalêdan [kuwalêda...]

--- 29 ---

[...n] sih ||

41. kyagêng wlas mèh mijil kang luh | wusana sinamur ing ngling | kakang dhalang sun mêminta | pakaryanta mayang ringgid | wontêna wisma kawula | Sandiguna ngling mèstuti ||

42. cinarita sampun dalu | ing pringgidan tata ringgid | panggêndère Adisara | dene sang narendra siwi | lênggah nèng wurining dhalang | saingga putra pribadi ||

43. dene ingkang nabuh kêmpul | Sandiupaya mantêsi | Saradipa nabuh kêndhang | Sandisasmita mucuki | ri sampunnya pinucukan | Sandisasmita gya nyuling ||

44. ngrangkêp lan pangêrbabipun | Saradula kang ngênongi | gya nguyu-uyu sapisan | pantês gêndhing Gambirsawit | rêspati kang laras sanga | mukêt nglênyêt arum manis ||

45. wusnya nguyu-uyu suwuk | Sandiguna nuli ngringgid | lampahane Pêkukuhan | suluk tanduke rêspati | cêtha trampil pêmayangnya | nibani larasing gêndhing ||

46. wiramanira aruntut | tan ana brênjul sathithik | rêbabe kumrampyang arang | suling sumlêthit dumêling | gêndère tansah ngêpinjal | kêmpule anggêmak muni ||

47. kêndhange gilig tinabuh | kênong [kê...]

--- 30 ---

[...nong] gong gandêm kapyarsi | cumèplês tibèng wirama | pênabuhe ukur ririh | supaya critaning dhalang | aywa kasilêp ing gêndhing ||

48. amlêngnyamlêng. rumêngêng kaprungu | dene larase kang gêndhing | laras nêm jêjêr ping tiga | praptèng gara-gara ganti | rêspati kang laras sanga | suda sakpathêt nganyut sih ||

49. praptèng jêjêr gandrung-gandrung | larase ingkang gumanti | manyura tumêkèng enjang | suda sakpathêt ngêrsêpi | tumprape wong dhêmên sastra | laras nêm iku upami ||

50. lir janma karênan ngidung | laras sanga pan wus kadi | wruh têgêse kawi jarwa | laras manyura upami | rampung kawi rampung makna | gandêm praptaning rahsa di ||

51. kunêng malih kang winuwus | gunging janma kang ningali | neka-neka karênannya | ana rêna ngèksi ringgid | lakone rame kawuryan | sêmbada dhalange wasis ||

52. nyêpeplang anggone narung- | ake wayang gandês trampil | kêprake wêsi kumêpyak | kumêrcêk yèn muni ririh | rêping gêndhing gêndèr munya | binarung suluk dumêling ||

53. mêmês nglênyêt manis arum | rumêsêp amigêna sih | kênyame

--- 31 ---

luwês prak-atya | myang ana rêna umyarsi | ing gêndhing mangenyut manah | awit saking padha wasis ||

54. wasise niyaganipun | niyagane bêcik-bêcik | jlagêdhag padha prawira | kabèh moncol-moncol sami | pênabuhe padha rampak | dene Ki Ageng ing Mangir ||

55. nèng pêndhapa dènnya dulu | tan liya kang den tingali | namung atmane ki dhalang | warnane rêsik tur kuning | ayu sumèh pasêmunya | trus jêtmika nuksmèng galih ||

56. netrane liyêp malat kung | kuwangwang pamêdharing ngling | ngling swara rum manis sumrah | sumrambah amikat ing sih | jutining karya wigêna | mêrkêtês gandês prak-ati ||

57. tansah gawe lara gandrung | wong ayu kang cêdhak ngringgid | liringe lir digbya patya | sunaring waja duk kengis | lir kilat thathit liwêran | sumawur amilangoni ||

58. mung sathithik kurang bêsus | pratôndha yèn durung laki | nging wus kongas kang ujwala | wong ayu nora jêlèhi | wusananira kagiwang | tyasira Ki Agêng Mangir ||

59. ngênglêng lêsah kang jiwa mur | balung kadya dèn lolosi | lir linêlês jroning manah |

--- 32 ---

kang manah wus gonjang-ganjing | kêkêtêge salang-tunjang | rêbut dhucung ting saruwing ||

60. kadya pêdhot kang jêjantung | kêsabêt purnamasidi | gumyur tan panon biratya | liwunging cipta sebak nir | atatas nratas kabuntas | ajur mumur rontang-ranting ||

61. sêmana bubaran sampun | ki dhalang dènira ngringgid | ingundang marang pêndhapa | karsane Ki Agêng Mangir | sinungan boga busana | kêbulan myang sinung picis ||

62. tri dasa reyal kèhipun | ki agêng kanyinèng liring | dènnya ngêmpèk-êmpèk karsa | mring ki dhalang rumakêt sih | wusana arum dêlingnya | kakang dhalang sun têtèki ||

63. ing sayêktos-yêktosipun | lare èstri ingkang linggih | wontên wuri jêngandika | andika prênah punapi | punapa atma myang wôngsa | tuwin rencang kang sayêkti ||

64. Sandiguna aris matur | sayêktose atma mami | duk mêksihe Senapatya | lare lairan Kadhiri | Kyagêng Mangir malih nêbda | walèh-walèh napa kyai ||

65. anak andika puniku | prawan punapa wus laki | Sandiguna aris nabda | têksih pêrawan puniki | dèrèng wontên [wontê...]

--- 33 ---

[...n] ingkang dadya | kêparêng sênênging kapti ||

66. witne nguni purwanipun | kathah janma kang sêdyapti | jawab dhumatêng atmanta | nanging pun rara tan apti | dèrèng purun imah-imah | lare pugal anglangkungi ||

67. yèn tinantun badhe nglalu | ngong tan sagêd mêksa kyai | lare dama sudrapapa | milangong ugung sakapti | Kyagêng Mangir aris nêbda | yèn sarju dika kiyai ||

68. anak andika puniku | sun têdha kinarya rabi | Sandiguna aris nêbda | yèn kyai sudi angambil | mupu dhatêng tyang ngumbara | tanpa wisma dama miskin ||

69. sumôngga sakarsanipun | yèn lare purun nglampahi | yèn tan purun sampun duka | lare pugal anglangkungi | gungang lare pugungpunggung. mudha | kawula dama mring siwi ||

70. kang gung pangaksamanipun | kiyai dhumatêng mami | Kyagêng Mangir rum sêbdanya | sampun mawi walang-kapti | yèn putra dika wus arsa | dadya jatukrama mami ||

71. dika tumuta dhêdhukuh | têtêpa wisma nèng ngriki | Sandiguna arum nêbda | kawula langkung mèstuti | tan winarna duk sêmana | sang rara sampun pinanggih ||

72. bogadrawinanya [bogadrawi...]

--- 34 ---

[...nanya] klangkung | dhalang Sandiguna ngringgid | lampahan suwarga bandhang | duk Srikandhi dadya ringgid | maharsèng pura ngalêngka | kunêng malih kang winarni ||

73. Kyagêng Mangir lan sang ayu | kang anèng pasuptan minging | dyah duk arsa rinarêpa | rinubasaning arêsmi | sang rêtna kêkah tan arsa | têmah rujit tyas rudatin ||

74. locananya adrês mêtu | pitêkur prayitnèng wèsthi | Kyagêng Mangir aris nêbda | rumêsêp dènnya mintasih | mangimur raras wirama | luwês mangrayut sukèng sih ||

75. dhuh mirah pêpujaningsun | kang asawang ruming sari | sarining wulan purnama | pinuja dadi mas gusti | gusti kang pinuja brôngta | brangtani dhatêng kang abdi ||

76. tuhu musthikaning arum | rumangsuk sriranta gusti | sakèh sarkaraning patma | manise manuksmèng lathi | sêdhêpe karya wigêna | ganêp wilanganing bêcik ||

77. bêcike kêlangkung-langkung | kadi murcani pangèksi- | èksine winayangkara | kêrantêne manah kingkin | kingkine nuksmèng paduka | paduka nyawane dasih ||

78. punapa kang dadya rêngu | de tansah ngêmu rudatin | datan arsa [ar...]

--- 35 ---

[...sa] nyarwe sêbda | apa kang dadya suwadi | dhuh nah anggèr paran baya | tan wêlas mring wong gung kingkin ||

79. parikudu jiwaningsun | wanuh lawan sira gusti | wênangna campuran sêbda | anggèr manira puniki | kabyatan asmarèng brôngta | tan antuk dhahar myang guling ||

80. purwa tindhaning wulangun | duk sira nyêlaki ngringgid | muryani kiswa katujwa | nah anggèr sun ngênglêng ngèksi | lir rinujit raosing tyas | tatas-rantas rontang-ranting ||

81. sakdurunge sira rawuh | raosing tyas pan upami | lir taru gring kamitigan | kêpraban bêntèring rawi | kalintang dènira wuyang | sarêng ing mangke wus panggih ||

82. sebak linawat jawah rum | sumrahe garing pangèsthi | lir katiban aksa naba | gya sang kusumaning adi | nêbda srêt ngusapi waspa | kiyai kula tur uning ||

83. kula puniki saèstu | dede dhalang kang yêyogi | ngong puniki putra nata | kang mêngku nagri Matawis | margine kawula kesah | tinantun krama sudarmi ||

84. kawula dahat tan ayun | wusana duka rama ji | kawula pilaur

--- 36 ---

pêjah | anglès murca saking puri | nglangut ngumbara kasyarsa | duk prapta madyèng wanadri ||

85. tumuntên pinêndhêt sunu | dhatêng Sandiguna nguni | suraose manah kula | lir taru kakentir warih | kentare tanbuh sinêja | dumadya prapta ing ngriki ||

86. ing mangke paduka pundhut | kinarsanan dadya krami | kawula datan lênggana | kangjêng rama tan udani | kêlamun èstu paduka | sudi mupu dhatêng mami ||

87. nging wontên panuwun ingsun | tuwan sagêda sumiwi | mring rama Aji Mataram | yèn dika èstu nyagahi | saking paminta kawula | kawula sumanggèng karsi ||

88. sakarsa dika mangèstu- | pada tumêkaning pati | jiwamba lir sarah tirta | lumembak purbaning laki | sakarsa-karsa paduka | sayêkti kula ladosi ||

89. yèn paduka datan arju | ngabêkti rajèng Matawis | kawula dahat lênggana | kinarsanan dadya krami | sampun kang sakit sênadyan | têkèng pati sun andhêmi ||

90. ajrih durakèng Hyang Agung | duraka dhatêng sudarmi | ananging pangraos kula | lamun jêng rama udani | kagungan mantu paduka | sun dugi [du...]

--- 37 ---

[...gi] rêna ing galih ||

91. rèhne nguni jiwaningsun | tinantun krama tan arsi | ing mangke wusananira | kawula purun nglampahi | iba bingahe jêng rama | Sri Nata Mataram benjing ||

4. Sinom

1. sêkala anglêk kang driya | ciptane Ki Agêng Mangir | kapriye wusananira | sun iki kalane nguni | tan sumiwi Matawis | iba dukane sang prabu | lir satru kabuyutan | sakmedraning tanah Jawi | wus sumuyut sumiwi rajèng Mataram ||

2. namung kari jênêng ingwang | kang tan nêja mangèstuti | duk ing kuna-kunanira | lêluhurku tan sumiwi | ing Pajang myang Matawis | praptèng mêngko jiwaningsun | wus ubaya tan nêja | sumiwi rajèng Matawis | nora blena nora manut marang nata ||

3. awit sun darbe pusaka | tumbak Kyai Barukuping | sapa kang klar nadhahana | sayêkti ingsun mèstuti | manêmbah myang sumiwi | sakiki upamaningsun | sun ngrêngèng mring Mataram | awit sing putraning èstri | kang pêrtandhan dadya jatukramaningwang ||

4. iya yèn sang nata arsa | ngukup nganggêp marang mami | sinêbut mantu narendra | yèn [yè...]

--- 38 ---

[...n] mêngkono luwih gampil | tan ana walang-ati | sumiwi rajèng Matarum | nanging lamun tan arsa | ngukup nganggêp marang mami | ing wusana jiwamba tumêkèng lena ||

5. jêr ingsun iki ngibarat | kêlawan rajèng Matawis | panjang pêcah wastra bêdhah | jinuma mêksih gêligir | dèn ancura lapis tri | yèn sun rasa purwanipun | kaya ta mêksih jahat | namung enake sathithik | yèn sang rêtna tulus dadi garwaningwang ||

6. anggêr pangêmongku bisa | ngladèni barang sêkawis | sarta sang rêtna sun duta | nênuwun sihe sang aji | ngapura awak mami | sayêkti sang nata kolur | sih manganggêp maringwang | jêr mantu iku upami | lamun wignya mangêmong mring atmanira ||

7. pênganggêpe maratuwa | wus kadi putra pribadi | mokal sang nata karsoa | matèni mantu kang bêcik | sasat matèni siwi | kang dèn êmong anak mantu | iku slokaning kuna | wusana Ki Agêng Mangir | angrarêpa arum wijiling wacana ||

8. dewane kang para sang dyah | mundrine kang abdi gusti | sampun mawi walang-driya | yèn mêkatên jiwa mami | kabêkjan angsal putri |

--- 39 ---

jimat tungguling apsantun | manggih putra narendra | dhasarira ayu luwih | ciptaningsun sokur mungguhing Hyang Suksma ||

9. jiwongsunjiwèngsun. katur kèn jimat | mênggala lelatul kadri | tan langkung panuwun ingwang | mring paduka wong akuning | paringa usadèng sih | mangèksi dasih kaswayun | sakarsa-karsanira | gusti pun dasih mèstuti | tumut manut miturut dhatêng Mataram ||

10. sumiwi sri naranata | Senapati Ngalaga ji | sang rêtna lêjar sêkala | kêtara kilating liring | liringe mangalap sih | dilalah karsèng Hyang Agung | kêparêng lan mangsanya | saya jêmbar ing Matawis | Kyagêng Mangir karêncana eblis lanat ||

11. kagebang asmaraning dyah | dyah kang tansah mêmulut sih | pan wus wantune wanodya | ngênirkên wekaning kapti | ngênirkên laku surti | kasujananira luput | kosul sulanging nalar | nalare mung ngrêmbug thukning | ati sumpêk buntêt pêpêt budènira ||

12. kapintêrane sirna das | labête wong kurang luwih | liwung lali ing sabarang | purwa wusana tan kèsthi | mung ngèsthi tlênging brangti | Ki Agêng Mangir puniku | ing nguni nanggap [nangga...]

--- 40 ---

[...p] wayang | wayange wisa martani | blecong mati dhalange amakan tuwan ||

13. mula-mula kang sujana | lêlakon dèn ngati-ati | sêbarang kang alus lêmbat | ywa kaya Ki Agêng Mangir | labête kurang luwih | groboh kasar têmah bawur | bawur kuwur kêtawar | tawar kêtawur kêtali | wujuding wong pikire lir kumalasa ||

14. Kyagêng Mangir duk waspada | kilat liringe sang dèwi | ngina kongasing ujyala | alon dènira ngrarêmih | dhuh gusti sang dèwèstri | tur kang èstu ruming santun | sawang purnamasada | manglela mancur dumêling | dhasar ayu sêmbada putra narendra ||

15. narendra ing tanah Jawa | Jawane paduka gusti | gusti kang pinujamôntra | mring dasih kang sru kaswasih | sihing gusti kapundhi | sinêmangkara mawèh kung | tulusa ngèstupada | ing donya praptaning akir | samantara mangrêngèng pasihan dika ||

16. pinêgat rêngganing gita | pêgagatirèng karon sih | wêlèh lamun jinarwakna | môngsaborong kang pênggalih | ngrèh wus padha ngranggoni | pangolah pudyèng raras kung | Kyagêng Mangir sêmana |

--- 41 ---

sabakdanira karon sih | maglur tanpa mosik dènira anendra ||

17. sang kusuma gya tumêdhak | sing paprêman èsmu ririh | kaetang wêlinging rama | sadaya wus dèn lampahi | nyandhak Ki Barukuping | ngusapan tirta pulangyun | lan lisah ing dêdiyan | Ki Baru ngadêg mawalik | sru nyuwara mangakak saingga sarpa ||

18. yèn mungguha janma kadya | nêja mangrurah sang dèwi | sêrambut datan kumêdhap | ing driya sang kusuma di | pujamôntra pinusthi | linang suksma sarira mur | jumbuh musthika maya | surasa silêm jêladri | tuduh palal Ki Baru wangsul mring prênah ||

19. sang rêtna gya nusul nendra | ing dalu datan winarni | byar raina surya muncar | sang kalih mring kubonsari | wusnya gêgandan sami | sang kalih atata lungguh | ingayap para kênya | bojon bêkêl angladosi | Kyagêng Mangir abingar niscayanira ||

20. karsa wus mangeka budya | mring sang dyah kang mindha ratih | sinamun mêksa kawêntar | netrane wong enggar kapti | Adisara tan têbih | kang tansah nanduki têmbung | têmbunge ngunggar brôngta | Ki Agêng saya limut sih |

--- 42 ---

kaprênesan kang manah buru alêman ||

21. kêmrisik rada kagetan | Ki Agêng gya matur aris | mring sang kusumaning endah | lah kantuna gusti mami | pun dasih yun pêpanggih | lan Sandiguna wong ayu | sakêdhap mring pêndhapa | sawusnya dipun lilani | tandya mijil wus panggih lan kyai dhalang ||

22. Ki Agêng Mangir têtanya | wêcanaa kang sayêkti | lare kang nèng jroning wisma | kang sampun kêrabi mami | napa anak sayêkti | punapa pupon karuhun | Sandiguna garjita | jroning tyas sampun andugi | yèn sang rêtna kang mêdhar niskaranira ||

23. dadya nêrusi kiwala | wusana mangsuli ing ngling | sayêktosipun punika | anak gèn kawula manggih | wontên madyèng wanadri | kêparêng sang rêtnaning rum | lagya marêngi tapa | tumuntên kula takèni | sintên ingkang sêsuta pinangkanira ||

24. tan sêtya kang darbe atma | lola duk kalane alit | bapa biyung sampun ngajal | mila kula ambil siwi | kyagêng mèsêm jro galih | sêmu nyata sêbdanipun | ing tyas marwata suta | Ki Agêng malih nêbda ris | yèn ing mangke

--- 43 ---

pun rara sampun sawêca ||

25. kakang dhumatêng kawula | ngakên putra ing Matawis | Jêng Senapati Ngalaga | dhalang Sandiguna angling | kagèt kinardi-kardi | gêgêtun amandhuk-mandhuk | grayok wijiling sêbda | dados puniku kiyai | putranipun Jêng Senapati Ngalaga ||

26. saiba bingah paduka | Kyagêng Mangir nyablèk wêntis | nêbda inggih ping sêkawan | inggih inggih inggih inggih | Sandiguna ngrojongi | sakkônca panjak sêdarum | ngubyungi suka bingah | bingahira ngrogoh ati | Kyagêng Mangir nêbda sru gawok kawula ||

27. kakang dhumatêng paduka | sakêdhika kok tan uning | Sandiguna rum sêbdanya | inggih kok kula tan uning | sêdene dara gusti | lamine sun ngakên sunu | kêkêt têmên kang karsa | kêlamun kula takèni | datan ngakên mung ngakên tiyang ngumbara ||

28. ing nguni lamun priksaa | kêlamun putra narpati | botêne ngong pêndhêt suta | lajêng sun punjungkên mriki | kados kimawon kyai | ayunya kêlangkung-langkung | lir murca kinêdhèpna | sêjagad tan angsal kalih | mung sang rêtna kang dadya guruning kênya ||

29. sêsotyaning [sêsotya...]

--- 44 ---

[...ning] pramudita | kumaraning adi luwih | nukadarirèng buwana | tan larang dèn tohi pati | pathoknya mung kiyai | kang bêkja angumbuk-umbuk | manggih putra narendra | pinuja ratuning ratih | upamine lir manggih rêtna sakarga ||

30. upami dipun suwuna | dèrèng kantênan yèn kenging | paribasan wong nèng wisma | lênguk-lênguk nêmu dhuwit | dhuwit salêksa kampil | isi ukon mas sêdarum | mring sawah nêmu mirah | mirahe sakêndhi-kêndhi | matun gaga kabêkjan manggih sang rêtna ||

31. rêtna kang rêginya kathah | Kyagêng Mangir nêbda aris | duk dika gunggung kawula | lir manggih rêtna sakwukir | puniku têksih kêdhik | upamine manah ulun | manggih rêtna nêm arga | kang sami ardi Marapi | dhalang Sandiguna mèsêm ing wardaya ||

32. kabêlêt sinambi mucang | sinamun lakune sandi | Kyagêng Mangir saya latah- | latah gumujêng wor angling | kakang lamun suwawi | sumiwi rajèng Matarum | ngaturakên sang rêtna | yèn karsa ngabdèkkên mami | lan yèn karsa nganggêp mantu mring kawula ||

33. kawularsa lajêng nyêmbah | ngujung dlamakan sang aji | Sandiguna [Sa...]

--- 45 ---

[...ndiguna] rum sêbdanya | yèn saking pandugi mami | kados lamun marêngi | sang nata kagungan mantu | ingkang kadi panukapaduka. | ngupados punapa kyai | yèn nampika mantu jlagêdhag prawira ||

34. jêr nguni ulun miyarsa | têmbang rawat-rawat kyai | titir pinajarkên janma | ujare sujanma alit | sang nata langkung ngudi | ngupadya mantu kang bagus | tur kang sêmbadèng karsa | Ki Agêng saya sukanting | duk miyarsa pêmbatange Sandiguna ||

35. sêksana mundhut tadhahan | pisugatannya mêpêki | Sandiguna kêmbul buktya | sêkancane panjak sami | sinambi ujung ing ngling | sakpamicaranya runtut | aluse nglantrah-nglantrah | wasise Jêng Senapati | mêdhang gusi datan kêna labènira ||lambenira.

36. tuhu ratu santya budya | swarjana raja di murti | sêbda rum murcitan taya | sebak ambaring kasturi | kongas pangribawa sih | sakmedraning rat tumêlung | sumuyut mèstupada | miguna ing agal rêmpit | palgunèng tyas tuhu musthikaning jagad ||

37. sinukswarjèng kasba tôntra | panglêmbananira ngênting | mashur kramate sang nata | murba mrabani mêmanis | ilham [i...]

--- 46 ---

[...lham] keblating puji | sumungkêm marang suksma nrus | digbya tan gara goda | sidik ing pêngarah ririh | dikarèng rat pusakèng nagri Mataram ||

38. maharjwèng budya nalimpat | luhur mulya rêjasèng sih | anjum puji ngrubasèng dyah | winayang nukadar amrik | bagna sinangja murti | mulku ruming triloka nrus | mudya kridhaning kasba | surambêk putus mikat sih | wijayèng tyas wiranung kyat murtining rat ||

39. kunêng malih kang winarna | ingkang lagya kêmbul bukti | sawusnya gya linorodan | Ki Agêng malih nêbda ris | kakang lamun marêngi | gya mangkat dhatêng Matarum | SasdigunaSandiguna. manêbda | kawula langkung jurungi | lawan ulun andhèrèk tindak paduka ||

40. ri sampunnya lêluwaran | Ki Agêng undhang mring dasih | kulawôngsa anom tuwa | sadaya samya kinêrig | upacara tan kari | tandhu jaran myang pêpikul | jajarane sang rêtna | tênapi kang olih-olih | ingkang pancèn katur sri rajèng Mataram ||

41. tênapi kang bulubêktya | sadaya sampun rinakit | kunêng malih kang winarna | Sandiguna gunêm pikir | kêlawan ingkang [ing...]

--- 47 ---

[...kang] rayi | Saradipa kinèn mlaku | rumiyin mring Mataram | dhapur angujukiangunjuki. uning | lan Ki Bacor lampah sandi kadyènira ||

42. nyamar ing dalu lampahnya | ngrupita datan winarni | byar raina surya muncar | praptane nagri Matawis | laju lumêbèng puri | prapta ngabyantara prabu | ingawe kalihira | wong loro sumungkêm siti | ngaras pada riwusnya mijil aturnya ||

5. Mijil

1. ulun gusti kinèngkèn pun dasih | Martalaya kang wong | angunjuki priksa jêng sang mangrèh | yèn ing mangke lampahipun abdi | dalêm angsal kardi | pun Mangir kapikut ||

2. ing wisaya upayaning sandi | barkah dalêm katong | pan rinèngrèng-rèngrèng sadayane | purwa madya ing wusana titi | malah mangke gusti | pun Mangir yun cundhuk ||

3. ngèstupada mring paduka mulki | sakarsa sumaos | saha ngunjukkên bulubêktine | mring paduka angunjukkên malih | putra dalêm gusti | Dèn Ajêng Pêmbayun ||

4. sri narendra langkung sukèng galih | lêjaring wirangrong | sumiram carêm sumyarjèng rume | kanikmatan manenggar sumrah mrik | sêka lami [la...]

--- 48 ---

[...mi] nguni | adining nugragung ||

5. sumuking tyas angêmu mêmanis | pitulung Suksmanon | sri sudigbya sih ing Hyang pinardyèng | duk nirbawa aturirèng dasih | wusana nêbda ris | ing saklakonipun ||

6. putraningsun lan kancamu sami | apa karahayon | kadwi matur barkah padukajèng | datan wontên kang malangatèni | nata malih angling | timbalana gupuh ||

7. paman Môndaraka Adipati | mring jroning kudhaton | warahên kêlamun ana gawe | kang liningan nêmbah lèngsèr saking | ngayunan narpati | Môndrakan prapta wus ||

8. dhinawuhkên timbalan narpati | sahtiti dutèng wong | Adipati Môndaraka age | gurawalan dènira lumaris | sêmana wus prapti | ngayunan sang mulku ||

9. sri narendra angandika maring | Môndaraka alon | hèh ta paman tyang kalih praptane | kinèngkèn pun Martalaya Adi- | pati atur uning | yèn pun Mangir sampun ||

10. kapikut kenging upaya sandi | yun sumiwi mring ngong | ngèstupada tur bulubêktine | myang ngaturkên wayah dika yêkti | hèh paman dipati | undhangana gupuh ||

--- 49 ---

11. sadaya wadyaningsun Matawis | kang sumêktèng kewoh | ing karya yèn prapta ngayudane | ingkang samun ywa ngantya kadêling | yèn kadêling dadi | pun Mangir tyasipun ||

12. ringas têmah ngadêg surèng galih | tan wande prang rêmpon | Môndaraka atur sandika ge | ingundhangan wadya gung Matawis | tan dangu wus sami | sumêktèng apupuh ||

13. Môndaraka wus tinundhung mijil | lan prawaraprawira. karo | datan pêgat tanya-tinanya rèh | purwa madya têkèng wusananting | tri suka sukur mring | mungguh ing Hyang Agung ||

14. titi sulang pangribawaning ngling | gênti winiraos | Kyagêng Mangir sêmana karsane | ngrumiyinkên duta mring Matawis | tur uning sang aji | dene kang tinuduh ||

15. sira dhalang Sandiguna kanthi | Singajaya kang wong | Mangir kabênêr kamituwane | ingiring wong kalih dasa sarwi | awahana wajik | sumêkta ing kewuh ||

16. gêgancangan lampahira sami | marga tan rinaos | dungkap prapta ing pangurakane | kunêng gantya sri rajèng Matawis | ri sêdhêng miyosi | siniwèng wadya gung ||

17. mênggêp pinrak [pi...]

--- 50 ---

[...nrak] dhêdhampar rukmadi | upacara abyor | èbêk supênuh ruming parnadèng | sumawur têka minuni sari | sarining sabumi | mangas ruming luhur ||

18. ing kaswarjanan yudanagari | mantar sinekang wong | ingkang manuhara raharjasèng | wuryan rênggèng pêrdôngga sri sumrik | jrahing busana sri | mangembahi santun ||

19. sênêning rat katongtoniramsih | gung prabawa katong | pating tleram paniwèn isthane | kyat kumênyar têka milangoni | kêprabaning kèsri | ngakasa wèh wuyung ||

20. pirang-pirang rêsmining naya di | dumêling katongton | pêpak sagung wadya kang sumiwèng | Adipati Môndraka nèng ngarsi | pra putra myang ari | andhèr marikêlu ||

21. tan antara wontên janma prapti | lampahnya tan alon | kèndêl anèng ing pangurakane | ingkang kalih jujuk wringin kadwi | mêpês pasilaning | kawistarèng mulku ||

22. sri narendra angandika aris | mring gandhèk sêkaron | bocah gandhèk ngumentara age | titikanên sujanma kang prapti | loro nèng madyaning | wringin dewadaru ||

23. sandika gandhèk [ga...]

--- 51 ---

[...ndhèk] mêsat sing ngarsi | wus cundhuk sêkaron | ki sanak ngong cinundaka rajèng | dika pundi lan karya punapi | kang tinanya angling | ngong tiyang ing dhusun ||

24. cinundaka mring Ki Agêng Mangir | mring kangjêng sang katong | ponang gandhèk wangsul age-age | prapta katur niskara tinuding | sri nata sukanting | sumyak ing pasêmun ||

25. wusana rum andikaning mulki | timbalana alon | janma kang nèng wringin kêmbar karo | kongkonane si jêbèng ing Mangir | kang gandhèk mêsat sing | ngayunan sang mulku ||

26. prapta dhawuhkên timbalan aji | ki sanak sêkaron | ingandikan kangjêng sang amangrèh | tur sandika canthika wus kerid | prapta byantara ji | gêpah awotsantun ||

27. muka sumungkêm lir ngaras siti | gupita sang katong | bocah sira umatura age | kinongkon apa marang Si Mangir | ponang duta nuli | nêmbah aturipun ||

28. ulun gusti kinèngkèn pun dasih | kunjuka sang katong | sahing sêmbah pun Mangir wiyose | nèng dhasaring padanta sang mulki | gupita sang aji | ya tarima ingsun ||

29. ponang duta

--- 52 ---

gya umatur malih | mring kangjêng sang katong | yèn marêngi karsa padukajèng | abdi dalêm pun Mangir sêdyapti | mangèstupada ji | myang ngunjuki lampus ||

30. pêjah gêsangnya pun abdi gusti | kunjuka sang katong | myang ngunjuki pariksa wiyose | yèn abdi dalêm pun Mangir manggih | wanodya yu luwih | ngumbara kaswayun ||

31. sawêca putra paduka mulki | rum-aruming sinom | Radèn Ajêng Pêmbayun namane | lamun èstu putra paduka ji | pun Mangir sêdyapti | sumiwi sang prabu ||

32. andhèrèkkên putra paduka ji | gupita sang katong | mula putraningsun sayêktine | purwanira ingsun tari krami | lênggana ing kapti | wusananira mur ||

33. sing jro pura dahat sun ulati | madyaning wana grong | jajah desa amilangkorine | ngêbo laku anjalak pandêling | mêksa tan pinanggih | ing wusananipun ||

34. tinêmu marang Si Jêbèng Mangir | sakêthi sukèng ngong | trima sokur mungguh Hyang Suksmane | lan besuk apa gone sumiwi | Si Jêbèng Mangir mring | nagara Matarum ||

35. yèn wis karuhan gone sumiwi |

--- 53 ---

marang ngarsaning ngong | sun kon mêthuk sadulure kabèh | lawan paman-pamanira sami | anèng margi-margi | tênapi wadyèngsun ||

36. duta matur mring kangjêng sang aji | sumiwinya kang wong | benjing dintên Rêspati Manise | nata nêbda muliha tumuli | gya ginanjar picis | tri dasa reyal wus ||

37. myang busana duta mêsat nuli | sing ngayunan katong | gupuh prapta ing pangurakane | mangkat mantuk sakkancanya sami | ya ta jêng sang aji | duk sapungkuripun ||

38. ponang duta nata ngandika ris | mring Môndraka alon | hèh ta paman undhangana kabèh | ri Rêspati kang sumêktèng jurit | myang kang pancèn sami | mêthuk putraningsun ||

39. dèn pataha sakjawining nagri | bagenên ponang wong | lan wadyèngsun kang ngulari kabèh | timbalana mantuk mring Matawis | sandika Dipati | Môndraka undhang wus ||

40. animbali wadya kang tinuding | ngulari sang sinom | duk sêmana kangjêng sang arajèng | jêngkar kondur amanjarèng puri | ginarbêg pra cèthi | pasowan kapungkur ||

--- 54 ---

6. Pangkur

1. duk prapta ing dalêm pura | sri narendra pinêthuk maèswari | sumuk enggaring pasêmun | ruming ujwala kongas | tejaningrat manoning tawang dipa nrus | rumêsêp sru kanikmatan | nikmating sih Sukmana di ||

2. pra garwa enggar sadaya | duk uninga kilat liringing aji | upamanya lampah dalu | kapêthuk obor mubyar | myang lir môngsa katri katur kèn jawah rum | siram-siram sru karênan | manis sumrah mangêrsêpi ||

3. wimbuh duk pinaring wikan | ring sangsaya mangembah sukèng galih | kang sawênèh para arum | suka winor rawaspa | sru kagagas kusuma kang andon sirtu | pinurwa wasesèng praja | kadrêsan ing madu riris ||

4. kunêng pasowan ing jaba | wus bubaran sudhiya ing ajurit | gambira rêna surènggul | sebak wikridita byat | marêm kadya ginala sasolahipun | sumêkta ya ta kawarna | wadyabala ing Matawis ||

5. ing nguni ingkang dinuta | lampah sandi ngupaya sang rêtna di | wus mantuk praptèng Matarum | laju sudhiyèng yuda | Alap-alap kang môngka pênganjuripun | kunêng [ku...]

--- 55 ---

[...nêng] malih kawuwusa | duta kang saking Matawis ||

6. sakmarga asêsandêran | lampahira ing Mangir sampun prapti | katur niskara ingutus | myang wawêlinging nata | saksukanya narendra pan sanpunsampun. katur | Ki Agêng sêklangkung suka | sêksana ngundhangi dasih ||

7. sak-Mangir kêrig sadaya | perang-perang gêgamanira asri | mung tumbak pêdhang lan suduk | istha janmarsa yuda | tandhu jaran jajaran miwah pêpikul | pra bêkêl pininta-pinta | sakgêgamannya miranti ||

8. ya ta wau sang kusuma | wus busana sinawang kadi ratih | mangejawantah tumurun | tuhu ayu utama | wimbuh kongas lir wulan purnamasantun | gumilar-gilar sung rimang | kucêm sagung kang ningali ||

9. katêmbèn ebating pamyat | lir mukswèng gyan tan wênang nguju liring | manglayung nglela sumunu | nukadaring jagad ngrat | Adisara tan têbih lawan sang ayu | kang môngka ajum pangrundah | ing driya sang kusuma di ||

10. tandya wus nitih wilisan | bojon bêkêl pêpak sumiwèng ngarsi | kang badhe dhèrèk sang ing rum | pininta kang ampilan |

--- 56 ---

jajar papat pra kênya jajari ngayun | gunggung janma kawan dasa | kang ngodhe datan winarni ||

11. ri sampunira sumêkta | tandya budhal nuju dina Rêspati | wêtara gêgaman sèwu | sanèse kang babêktan | anèng wuri ingirid kêpala dhusun | miranti sasikêpira | kathah janma nunut margi ||

12. kêpengin wêruh nagara | ing Mataram saya ngluntak kang dasih | tunjang-tinunjang lumaku | saking kudune mulat | pêngantène jarene putra sang prabu | warnane kacrita endah | ayune kêluwih-luwih ||

13. wus lêpas ing lampahira | upacara abra sinang mêrapit | Ki Agêng nèng wurènipun | rêspati nitih kuda | datan têbih lan pusaka Kyai Baru | ginarbêg santananira | kinubêng gêgaman asri ||

14. kinare-kare wadyanya | isthanira kadya binayangkari | sakbobote rada bagus | busananira mubyar | sang rêtnayu tindakira munggèng ngayun | jinajaran pra pawongan | para bêkêl magêrsari ||

15. liniga gêgamanira | butarêpan lampahira sakmargi | kathah janma samya dulu | munggèng [mung...]

--- 57 ---

[...gèng] têtirah marga | lare angon gumrubyug ngêtutkên laku | rêmbên lampahirèng marga | singgunging èstri lumaris ||

16. sêmana praptèng Karasan | Kyagêng Mangir nahên ngantya sêlastri | ngasokkên kang para wadu | tênapi para kênya | kalih malih Ki Agêng panyiptanipun | ngantosi timbalan nata | kang badhe mêthuk sang dèwi ||

17. kang abdi kinèn mêcalang | lamun wontên utusannya sang aji | enggal kinèn ngaturi wruh | mring pamondhok Karasan | kunêng malih sri sudigbya ing Matarum | enjing miyos siniwaka | pêpak kang samya manangkil ||

18. Adipati Môndaraka | atênapi Pangeran Mangkubumi | myang Pangeran Singasantun | Kangjêng Pangran Dipatya | Pangran Pugêr Pangran Purbaya sumambung | Pangran Jayaraga lawan | Pangran Wiramênggala twin ||

19. myang Pangeran Pringgalaya | myang Pangeran Têpasana anênggih | andhèr sumiwi ing ngayun | myang Pangeran Juminah | pra dipati môncanagara supênuh | wus samya rumakit tata | pênganggo sinang marnèni ||

20. pating pêncorong winulat | pating tleram mangilat-ilat thathit | kumênyar [ku...]

--- 58 ---

[...mênyar] ngrênyêp sumuluh | maliwran-liwran laras | sumyar-sumyar sumiram gônda sumrik rum | nglandêng minging mêngêng sumrah | ngêdusi rêjasèng èsthi ||

21. nata nêbda mring Môndraka | nêdha paman suwawi adum kardi | manira wontên kudhatun | jêngandika nèng jaba | sang dipati sandika ing aturipun | wusana arum sêbdanya | hèh ta kulup Mangkubumi ||

22. lawan sira Singasêkar | umêthuka anèng jaban nêgari | mantri majêgan sêdarum | mapaga Sudimara | yèn Si Mangir ingiring gêgaman agung | dèn tulaka anèng kana | ywa ngangsi akèh kang ngiring ||

23. putu Pugêr Purubaya | umêthuka Danalaya di aglis | wong Kajoran ingkang mèlu | Tumênggung Alap-alap | umêthuka anèng Bantul sakancamu | de para mantri Mataram | kang padha sumêktèng wèsthi ||

24. yèn Si Mangir ngiring bala | gêgaman kèh istha kadi wong jurit | balèkna sêbda kang alus | karia sawêtara | putu Pringgalaya lan Juminah putu | lan putu Wiramênggala | putu Têpasana sami ||

25. mirantia pagêlaran | lan sakèhe para mantri ing Matawis |Lebih satu suku kata: lan sakèhe pra mantri ing Matawis.

--- 59 ---

Wiraguna sira iku | jogoa pangurakan | yèn Si Mangir wus prapta sira kang gupuh | andhêgên upacaranya | ngamungna ingkang kêkasih ||

26. kêlawan sêntananira | ingkang ngodhe jalu tênapi èstri | kang ngiring marang kudhatun | ingsun nèng kêmandhungan | gung prajurit barisa pêndhêm sêdarum | angubêngana nagara | disamun kang ngati-ati ||

27. wus rampung panggusthènira | sigra mangkat Pangeran Mangkubumi | lan Pangeran Singasantun | Alap-alap pêngarsa | sampun prapta miranti wontên ing Bantul | Pangran Mangkubumi prantaprapta. | Sudimara amiranti ||

28. lan Pangeran Singasêkar | para mantri majêgan ingkang ngiring | Pangran Pugêr Purbaya wus | ngirid wadya Kajoran | sampun prapta Danalaya dènnya mêthuk | Wiraguna sakancanya | pangurakan amiranti ||

29. myang pranatanirèng gôngsa | Kodhokngorèk ponang bêdhug miranti | pangurakan ugyanipununggyanipun. | pelog slendro sinêla | mubêng turut têtirahing ngalun-alun | nêgari dalêm Mataram | lir bojadrawina kèksi ||

30. pangeran catur tuguran |

--- 60 ---

nèng paglaran bupati para mantri | nèng pôncaniti sêdarum | Dipati Môndaraka | kêmandhungan dènira tugur umêthuk | kunêng malih kang winarna | pêcalange Kyagêng Mangir ||

31. sampun ngaturi uninga | yèn utusanira sang nata prapti | kang pancèn mêthuk sang ing rum | Kyagêng Mangir gya undhang | wusnya rakit lir duk angkatira wau | prayitna sakmarga-marga | dènira ngrêksa sang dèwi ||

32. ing Bantul sêmana prapta | Ki Tumênggung Alap-alap tumuli | gupuh-gupuh dènnya mêthuk | alus manising sêbda | dhuh nah anggèr ulun ingutus sang prabu | kang rumiyin pangèstunya | Jêng Senapati Matawis ||

33. dhumawuha mring paduka | Kyagêng Mangir dhêku manuwun kang sih | Alap-alap malih muwus | kaping kalih kawula | kinèn mêthuk mring paduka lan sang ayu | tôndha sih trêsnaning nata | lan amba atur prayogi ||

34. padukarsa sowan nata | angaturkên dhumatêng sang rêtna di | ambêkta dêdamêl agung | karya salah graita | yèn suwawi enggal wangsulna pukulun | sêpalih andhèrèkêna | sêpalih rumêksèng

--- 61 ---

Mangir ||

35. dhuh anggèr ywa salah tômpa | badhe lami paduka nèng Matawis | sang nata angayun-ayun | badhe abojakrama | mring paduka sakêlangkung asihipun | Ki Agêng nurut kiwala | kang wadya wangsul sêpalih ||

36. tandya laju lampahira | Sudimara sêmana sampun prapti | pangran kêkalih umêthuk | dhumatêng ingkang putra | tandya lêrêp wau Dèn Ajêng Pêmbayun | manêbda dhatêng kang raka | dhuh kakang Ki Agêng Mangir ||

37. lah punika kangjêng paman | Pangran Mangkubumi ingkang satunggil | paman Pangran Singasantun | sami mêthuk kawula | Kyagêng Mangir sing kuda enggal tumurun | aris dènira lumampah | wus cundhuk lan pangran kalih ||

38. Ki Baru tan kêna têbah | Radèn Ajêng Pêmbayun têdhak aglis | lumajêng mangraup suku | ngabêkti mring kang paman | sêkalihan kang paman tansah ngêmuluh | sang dyah nungkêmi karuna | ri wusnya gya tata linggih ||

39. Ki Agêng Mangir ngabêktya | ing sujudanira pangeran kalih | tan nyana kêna ing apus | prananing sandi samar | pangran kalih nêmbrama kang lagi rawuh | titi manis wijang-wijang | lêlêmbaran manganyut sih ||

40. wijah-wijah [wijah-...]

--- 62 ---

[...wijah] lêmpah-lêmpah | singa ingkang kurang dipun wuwuhi | amayang-mayaning wuyung | kayungyune ingarah | ngarah-arah sumyar sumrah manis arum | Ki Agêng Mangir aturnya | manuwun kasmarèng galih ||

7. Asmaradana

1. pangran kalih sarêng angling | dhuh ki jêbèng lakon ingwang | ingutus kangmas sang rajèng | mêthuk rimtanirarintanira. sang dyah | tênapi mêthuk sira | wit saking karênanipun | kangmas aji ing Mataram ||

2. sokur mungguh mring Hyang Widi | kagungan mantu lir sira | namung sira bae jêbèng | kang bisa momong sang rêtna | kêlamun sira bisa | lir momong kangmas sang prabu | rukun rakêt maratuwa ||

3. pêsthi agung sihing aji | ngadate kangmas narendra | wis nora ngarani uwong | sapa sujanma kang bisa | mongmong ngladèni putra- | nira kangjêng kangmas prabu | dèn sruwe agung sihira ||

4. aja kang lir sira kaki | wuwuh dadi mantonira | pêsthi kêluwih asihe | tikêl lawan sapa-sapa | dhasar wus ubayanya | kangmas sudigbya Matarum | sing sapa wonge kang bisa ||

5. manggihakên sang rêtna di | sayêkti jatukramanya | ginadhang-gadhang ing têmbe |

--- 63 ---

dadi wrangkaning sang nata | tur ginanjar nagara | Bagêlèn sakurutipun | lan manèh ingsun dinuta ||

6. maringkên payung kêkalih | kang kuning tlacap sang rêtna | dene ingkang ijo sèrèt | ginanjarakên mring sira | tôndha mantu narendra | lan tôndha sihe sang prabu | jêbèng marang jênêng para ||

7. Ki Agêng manuwun kang sih- | irèng nata kang dhumawah | dhumatêng kawula mangke | sun pêtak munggèng mustaka | cinancang pucuk kiswa | pun dasih panyiptanipun | tan pisan-pisan sagêda ||

8. malês sih dalêm sang aji | kang rumêntah mring kawula | tan langkung panuwun ingong | mring kangjêng sri naranata | mugi-mugi paringa | sih ngapuntên dhatêng ulun | prakawis ing kina-kina ||

9. pangran kalih sarêng angling | hèh jêbèng aja rinasa | prakara mau-maune | ingsun kang nanggung mring sira | yêkti tan dadi apa | mung nontona sang rêtnayu | awit dadi garwanira ||

10. yêktine kangmas nêrpati | yèn galiha kang mêngkana | mangsi sun têkoa kene | mêthuk sira lan sang rêtna | tênapi pra atmaja | myang sakèhe punggawa gung | kang padha mêthuk mring sira ||

11. dene [de...]

--- 64 ---

[...ne] prakara ing nguni | kangmas sultan wis tan karsa | anggalih prakara rèmèh | wis dibuwang mring sagara | kangmas jêmbar galihnya | lan manèh pitutur ingsun | marang sira gêgênthongan ||

12. besuk yèn prapta Matawis | kagungan pênganggêpira | jêbèng marang kangmas katong | tuwin paman Môndaraka | ngadate kangmas nata | yèn digungani têrtamtu | moprol abrol sihnya tiba ||

13. apa kang sinuwun kaki | masthi sira pinaringan | jêr mantu lanang sawiyos | dhasare bagus warnanta | garwamu dèn la-êla | kinacèk samèng sadulur | ngrèh putra pêmbarêp gêsang ||

14. tur sandika Kyagêng Mangir | pangran kalih malih nêbda | sun tuturi manèh jêbèng | rèhning sira nêja seba | marang kangmas narendra | kapindhone wong asêpuh | lagi sapisan punika ||

15. baturmu balèkna kaki | kang padha gawa gêgaman | kurang rumakêt katongton | angur konên padha ngrêksa | nèng Mangir bokmênawa | watir sira tinggal kulup | rowang ngarêp sêpi wuntat ||

16. wit têka panduga mami | sira jêbèng masthi lawas | nèng nagara Matarame | mung ngamungna

--- 65 ---

upacara | ingkang umiring sira | kêluwih bêcik kadulu | sênadyan gawa gêgaman ||

17. kang patut dipun tingali | rèhning seba marang nata | tur lir ramakira dhewe | pamrihku supaya aja | ngêgèt-êgèti janma | jêr wadyane kangmas prabu | yèn wêruh gêgaman rangap ||

18. singunên têmah tan eling | lir tinêbak setan kawak | dadine sira katongton | wêlas marang wong Mataram | sasat wêlas sang nata | kaèksi nalikanipun | bêcik anggêpmu mring nata ||

19. tôndha sih rêsêp darbèni | bapa maratuwa nata | Kyagêng Mangir rum ature | sandika sêksana prentah | sagungirèng gêgaman | pininta kang pancèn mantuk | namung kantun kawan dasa ||

20. ingkang pininta lumiring | kêlawan kang upacara | kang jajari sang lir sinom | tênapi ingkang rêmbatan | ya ta sampun umangkat | sagung gêgaman kang mantuk | mring Mangir tugur sadaya ||

21. rumêksa yèn ana wèsthi | tandya pangeran kalihnya | pangandikanira alon | hèh jêbèng payo glis mangkat | sêlak ingarsa-arsa | kangmas sudigbya Matarum | Kyagêng

--- 66 ---

Mangir tur sumôngga ||

22. gya budhal pangeran kalih | tindakira munggèng ngarsa | prasamya nitih kudane | wuri pisan Alap-alap | Kyagêng Mangir prênahnya | nèng wurènira sang ing rum | Ki Baru tan kêna têbah ||

23. cakêt lan kêpuhing wajik | duk prapta ing Danalaya | pinêthuk Pangran Dipatos | Pugêr Pangran Purubaya | ya ta duk yun-ayunan | rayi kalih lan sang ayu | sumêdhot raosing driya ||

24. upama panah tumitis | manêrus tancêb mingmring. manah | manguntar-untar raose | sang rêtna tandya tumêdhak | saking wahananira | yèn kang rayi kalih mêthuk | manêbda dhatêng kang raka ||

25. hèh kakang Ki Agêng Mangir | kêkalih punika dhimas | Pugêr dhimas Purbayane | prasamya mêthuk manira | tênapi jêngandika | Ki Agêng enggal tumurun | sing kuda agurawalan ||

26. ri sampunnya tata linggih | prasamya asêsalaman | atas agama Islame | Pangran Pugêr Purubaya | nêmbrama ingkang prapta | nêbda luwês manis arum | kakang saklampah paduka ||

27. punapa raharja sami | Kyagêng Mangir aturira |

--- 67 ---

inggih sami karahayon | barkah dalêm sri narendra | kang dhumawuh kawula | tandya pangran kalihipun | ngabêkti dhatêng sang rêtna ||

28. sru guguk matur wor tangis | dhuh kakang êmbok kawula | tan nyana-nyana sêmangke | ciptamba kadya supêna | duk pinanggih paduka | katujonipun bok ayu | duk murca saking jro pura ||

29. ngumbara manglaya bumi | manglangut wusanani |Kurang satu suku kata dan seharusnya guru lagu: 8a, manglangut wusananira. pinupu Kyagêng Mangire | dados manggèn prênahira | coba klamun sanèsa | kang mupu paduka èstu | sajêg jumlêg tan kêpanggya ||

30. sadhèrèk ibu sudarmi | sang rêtna duk amiyarsa | pênangise rayi roro | agêmbor asru karuna | sêrêt wijiling sêbda | kagagas duk purwanipun | adhimas aja rinasa ||

31. wis liguwalungguha. sira yayi | kapriye mêngko jêng rama | iya ing sakpungkur ingong | apa padha karaharjan | tanapi kadang-kadang | tuwin para ibu-ibu | kang rayi kalih aturnya ||

32. sadaya raharja sami | namung sakmurca paduka | rama ibu lan sêdhèrèk | samya mêgêng bukti nendra | wayang-wuyung sakpraja | jro pura [pu...]

--- 68 ---

[...ra] samya udan luh | samun tejaning nagara ||

33. dhêdhêt ngakasa rawati | kêpyur-kêpyur ngêmu rimang | istha labuh kang wirangrong | dene kang para dipatya | samya kinèn ngupaya | dhumatêng paduka èstu | mring têpasing sawo dadya ||

34. têkèng mangke dèrèng sami | umantuk sakparan-paran | nagari sêpi kimawon | ri wusnya têntrêm sadaya | gya pangeran kalihnya | tumuli dhawuhkên têmbung | timbalan dalêm sri nata ||

35. dhuh kakang Ki Agêng Mangir | timbalanira jêng rama | dhumatêng paduka mangke | jêngandika tan kalilan | bêkta dêdamêl kathah | bok karya sanès panêmu | mring sagung wadya Mataram ||

36. lan malih lamun ngèsêmi | marang liyaning nagara | kirang rumakêt katongton | mung ngamungna upacara | ingkang ngiring paduka | tênapi janma pêpikul | sêdene sujanma kênya ||

37. prayogi dipun tingali | tôndha bêkti mring narendra | ping kalih maratuwane | sintên kang pantês junjunga | kêjawi wadyabala | atmaja lan putra mantu | kadang tênapi sêntana ||

38. kakang punika tur mami | Kyagêng Mangir duk miyarsa | suka atur sandikane |

--- 69 ---

kang wadya gya ingundhangan | sampun mantuk sadaya | gunggung janma patang puluh | namung kantun upacara ||

39. kang umiring Kyagêng Mangir | tênapi kang para kênya | ingkang dhèrèk sang lir sinom | sêmana atandya mangkat | saking ing Danalaya | kang dadya cucuking laku | Pangran Mangkubumi miwah ||

40. Jêng Pangeran Singasari | de Pangran Pugêr Purbaya | cakêt nèng ngarsa sang sinom | Ki Agêng nèng wurènira | asongsong mliyo patra | dene wêkasaning laku | Ki Tumênggung Alap-alap ||

41. sakônca prayitnèng wèsthi | golong kêlawan wadyanya | Pangran Pugêr Purbayane | dene dhalang Sandiguna | sakancanira samya | anèng kanan keringipun | Ki Agêng Mangir kang tansah ||

42. ananduki adu manis | pating kranthuk pasmon samar | sumrasah parisêjane | Kyagêng Mangir ciptanira | nuli agea panggya | lawan Jêng Sultan Matarum | wus lêpas ing lampahira ||

8. Durma

1. datan mundur wus prapta sajroning praja | Pangeran Mangkubumi | kêlawan Pangeran | Singasari parentah | mring para wadya pangirid |

--- 70 ---

lampahing kasba | kinèn atata sami ||

2. ywa kaliru prênahira juga-juga | jajar nglima rêspati | ngarsa têkèng wuntat | aywa dhompo kang lampah | kang waos kinèn amandhi | sarta liniga | ywa pêgat yitnèng wèsthi ||

3. wus warata wadya samya dhinawuhan | rêmpêk lampahing baris | sap-sapan arampak | atap awijah-wijah | gumulung anggolong pipit | untabing kasba | kadya sela blêkithi ||

4. srang asêlur busana maneka sinang | sebak kang prawatagni | yyah lir wukir sêkar | wênèh arsunabèng wyat | blêdug kang mênganggo putih | saking mandrawa | sebak kuntul mangrawi ||

5. sonar ingkang pra mega asri araras | sorot lir lintang ngalih | tansah gêbyar-gêbyar | sênêning sara mantap | kêpraban pradiptyèng rawi | mathathit liwran | ngakasa ngêmu kingkin ||

6. pangrikirèng turôngga asri barungan | wor gêrdêging lumaris | panyêluking janma | nonton asri kawuryan | dadya tontonan sakmargi | isthaning lampah | lir andon jayèng jurit ||

7. duk sêmana

--- 71 ---

wus prapta ing pangurakan | Kodhokngorèk munya tri | tênapi kang gôngsa | urut lun-alun munya | kyat umyang lir karngèng langit | bêdhugnya ngantag | yayah ambuyangkari ||

8. Kyagêng Mangir sangsaya enggar kang driya | Wiraguna tumuli | mêthuk sigra-sigra | alon ing sêbdanira | dhuh anak Ki Agêng Mangir | anggèr paduka | arsa lumêbèng puri ||

9. tunjuk mukak dhatêng maratuwa nata | ulun atur prayogi | gunging upacara | kantuna wontên jaba | Ki Agêng Mangir nuruti | pangeran papat | kang anèng pôncaniti ||

10. tur uninga dhumatêng darma narendra | lamun Ki Agêng Mangir | kèndêl pangurakan | ngantosi kang timbalan | sang nata ngandika aris | mring gandhèk karwa | hèh gandhèkipun aglis ||

11. timbalana putraningsun nini rêtna | lan lakine Si Mangir | konên laju marang | pura katêmu ingwang | ywa kasuwèn anèng jawi | kang gandhèk nêmbah | lèngsèr ngayunan mulki ||

12. gurawalan wus prapta ing pangurakan | dhawuhakên sêbda ji | nêdha jêngandika | ngandikan sri narendra | kêlawan sang kusuma [ku...]

--- 72 ---

[...suma] di | ingarsa-arsa | wontên sajroning puri ||

13. nata langkung onêng dhumatêng kang putra | myang kasêsa yun uning | dhatêng jêngandika | rèhning gusti sudigbya | dèrèng nate-nate kyai | kagungan mantya | mila paduka kyai ||

14. kang nimbangi sih supêkêtnya sang nata | ya ta Ki Agêng Mangir | dhêku tur sandika | dene sang narendratma | pinêthuk jêmpana nuli | laju tindaknya | Kyagêng dharat lumaris ||

15. anèng wuri Ki Baru tan kêna têbah | sêntana gêrbêg sami | praptèng pôncanitya | narendratma gya têdhak | ginarbêg ing para cèthi | gya laju minggah | dhumatêng sitiinggil ||

16. gya pinêthuk pra kênya sajroning pura | samya angêmu tangis | praptèng brajanala | Dipati Môndaraka | umêthuk sang kusuma di | angêmu waspa | wusana ngandika ris ||

17. adhuh nyawa putuningsun nini rêtna | tan nyana mêksih urip | sun ulati sira | lawas nora kêpanggya | nganti nyêbar wran Matawis | anjajah desa | milangkori tan panggih ||

18. wana gunung urut pasisir tan panggya | sun nyana uwis mati | mêngko sira [si...]

--- 73 ---

[...ra] nyawa | katêmu mêksih arja | sèwu lêgane kang ati | marang lakinta | iya mas putu Mangir ||

19. pan sakêthi jumurung mring lakènira | iya mas putu Mangir | kang nêmokkên sira | sira masthi tan seba | marang nagara Matawis | ginawa minggat | bablas liyan nêgari ||

20. ri sampunnya tandya sami tata lênggah | kêmandhungan miranti | sang rêtna ngandika | dhumatêng ingkang garwa | dhuh kakang Ki Agêng Mangir | punika eyang | Môndaraka Dipati ||

21. kang nguyuni tyang Mataram sadayanya | jêng rama tan udani | amis bacin miwah | bambang lum-aluming rat | jêng eyang kang masesani | tandya sang rêtna | ngabêkti sang dipati ||

22. Kyagêng Mangir sêksana mangaras pada | Môndaraka Dipati | manêmbrama ingkang | prapta amanis sumrah | nuwun turnya Kyagêng Mangir | Dipati Mônda- | raka malih nêbda ris ||

23. hèh mas putu sun asung prayoga sira | sira arsa ngabêkti | maratuwa nata | jêbèng prayoganira | nganggoa tata nagari | ywa gawa tumbak | mring pura datan kêni ||

24. kèrèkêna ing kene ingsun kang têngga | ya ta Ki Agêng Mangir |

--- 74 ---

wagugên kang driya | dangu tan kêna nêbda | kumêjot sajroning galih | pangartikanya | tumbakku Barukuping ||

25. jaba yèn wus barêng pêdhote jangganta | pisah kêlawan mami | tandya sang kusuma | adrês pangimurira | lir gurimis puspita mrik | acampur kilang | drawa suraosing ngling ||

26. adhuh kakang paduka ywa walang-driya | punika eyang yêkti | kang pitajêng nala | sampun tataning praja | yèn arsa lumêbèng puri | tan kenging bêkta | gêgaman jawi kêris ||

27. lah ta kakang kang wêlas dhatêng kawula | yèn dika bêkta biring | datan wande kula | sinêrêng mring jêng rama | ingran tanpa praja niti | yèn jasat kula | kadukan jêng rama ji ||

28. botên wande paduka katut kiwala | dika kêlawan mami | pinisahkên rama | bibrah tataning krama | jêr ciptaningsun kiyai | dhatêng paduka | tan nêja malih kapti ||

29. donya kerat tulusa mêngku mring kula | dika pangeran mami | mila jasat kula | purun nglampahi krama | dhumatêng paduka nguni | tur purwanira | kinramakênkinramakkên. tan apti ||

30. dènnya nêbda sang rêtna kawêlas-arsa | nungkêmi pangkyan sarwi | adrês [adrê...]

--- 75 ---

[...s] locananya | ngusapan asta kiwa | kang kanan angasta wêntis | Kyagêng sêmana | sumêdhot ingkang galih ||

31. yèn ngantia pinisahkên lan sang rêtna | kadiparan wak mami | tan wande palastra | angur sun turutana | wong ayu tur dadi galih | nuragèng kênya | mundri talining urip ||

32. wus jinakis karsaning Hyang Maha Mulya | tan kêna owah gingsir | nuruti kang garwa | atur sêmbah sumôngga | kang waos kinantun jawi | datan antara | kêparak kalih mijil ||

33. andhawuhkên timbalan dalêm sri nata | dhatêng sang kusuma di | dhuh gusti paduka | kinèn inggal ramanta | lumêbêt dhatêng jro puri | gusti paduka | tindaka ngrumiyini ||

34. sang rêtnayu sêksana malbèng jro pura | sri narendra jalingsi | nèng sela gêgilang | rayi kalih nèng ngarsa | Pangeran Amangkubumi | lan rinta Pangran | Singasari tênapi ||

35. jêng pangeran dipati munggèng ing ngarsa | Pangran Pugêr lan malih | Pangeran Purbaya | sang rêtna duk katingal | lan Adisara tumuli | ingawe nata | sang dyah lumajêng aglis ||

36. sru karuna tandya nungkêmi kang rama | sêsambat [sêsamba...]

--- 76 ---

[...t] mêlas-asih | sri nata ngandika | adhuh nyawa sun trima | karyamu maharsèng sandi | wis ta mênênga | aja kêlara nangis ||

37. malêbua marang dalêm pêpungkuran | sang kusuma tumuli | malbèng dhatulaya | kêlawan Adisara | dene pra garwa myang sêlir | samya karuna | ngrubung kang lagi prapti ||

38. anjrit gumêr gumrumung sajroning pura | gulungan anèng siti | sang rêtna kantaka | ri wusnya paripurna | têntrêming tangis tumuli | malih kawarna | kangjêng sudigbya murti ||

39. pra pangeran kang anèng ngarsa sang nata | kinèn sumêktèng wèsthi | nging ywa kawistara | sonar liringing netya | dene Pangran Mangkubumi | lan rinta Pangran | Singasari umijil ||

40. mring mandhungan andhawuhakên timbalan | jêbèng Ki Agêng Mangir | sira ingandikan | lumêbu mring kudhatyan | ya ta Ki Agêng ing Mangir | atur sandika | kerid pangeran kalih ||

41. kang ampilan sadaya kantun nèng jaba | sapraptane jro puri | anèng ngabyantara | nêmbah ingawe nata | Ki Agêng gya sèlèh kêris | ngabêkti nata | duk sumungkêm pada ji ||

42. Senapati [Senapa...]

--- 77 ---

[...ti] bêl prêmpêng emut dukanya | duk kuna andhatêngi | Kyagêng Mangir duknya | grana mangaras jêngkya | nginggatan marang sang aji | kadung ujungnya | jinêngku mring sang aji ||

43. kêtanggor ing sela gêgilang sirah crah | rahira kocar-kacir | polonira muncrat | Kyagêng Mangir wus pêjah | jumênêng Jêng Senapati | sarwi ngandika | wus lêga ati mami ||

44. kinèn nyamun Kyagêng Mangir pêjahira | layon wus dèn saèni | winêdalkên wuntat | ing kori bêbutulan | suruping baskara ganti | purnama muncar | pangran catur wus mijil ||

45. sampun panggih lan Dipati Môndaraka | dhawuhakên sêbda ji | mring Sang Môndaraka | eyang dhawuhnya rama | gung ampilannya pun Mangir | Ki Barukarna | pinundhut mring jro puri ||

46. sabab wayah jêngandika dèrèng klilan | mondhok wontên ing jawi | ing rèh kangjêng rama | dèrèng dugi onêngnya | dhumatêng Ki Agêng Mangir | sinuba-suba | wontên sajroning puri ||

47. dene kulawarga lan sêntananira | kinèn angaso sami | nèng dalêm paduka | Dipati Môndaraka | tur sandika wus andugi | dadya ngandika |

--- 78 ---

dhatêng kang ngampil-ampil ||

48. lah ta êndi Ki Baru pinundhut nata | têrang mas putu Mangir | ing samêngko padha | lagi bangêt onêngnya | nuli ingaturkên maring | Dipati Mônda- | raka gupuh nampèni ||

49. gya ingaturakên marang jroning pura | Môndaraka kakang mundhi |Lebih satu suku kata: Môndaraka kang mundhi. wus prapta jro pura | Ki Baru katur nata | sêklangkung trustha sang aji | cipta wus datan | ana malangatèni ||

50. Adipati Môndaraka sampun mêdal | kêmandhungan wus prapti | wran Mangir sadaya | ingajak mundur tandya | mring dalême sang dipati | sêklangkung dènnya | ngupasuba rinastri ||

51. sagunging wong Mangir samya ngeca-eca | rinêngga-rêngga sami | sinludhah sêbarang | boga busana wastra | nguni tan nyana ing kapti | gustine pêjah | mila enggar kang kapti ||

52. têtayuban sêbarang rêtnaning manah | ubyung-ubyung rinastri | wusnya lama-lama | wêruh gustine lena | sakêclapan sumêdyapti | bela gustinya | tandya sami pêpikir ||

53. wusnya guyup tandya samya ngèstupada | marang rajèng Matawis | atur prasêtyanya | panungkule katrima | ing mangke padesan [pa...]

--- 79 ---

[...desan] Mangir | ginadhuhkên mring |Guru lagu seharusnya: 5a, ginadhuhkên mrang. Môndaraka Dipati ||

54. pan pinara nênêm kang saduman marang | Môndaraka Dipati | dene kang saduman | Dipati Martalaya | Jayasupônta tênapi | pun Saradipa | Tumênggung Bacor dening ||

55. kang saduman mring Tumênggung Saradula | samya suka kang tampi | ganjarane nata | cipta asrah susêtya | ing gêsang praptaning pati | pinujamôntra | ngarjani saha dasih ||

56. bêdhahira ing Mangir pan sinêngkalan | tri boja tata bumi |Sengkalan: tri boja tata bumi (1523 A.J.). duk sêmana Jêng Sang | Senapati Ngalaga | mashur rungruming sabumi | kratonnya pindha | sinawung dhandhanggêndhis ||