Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Kadhiri, Mangunwijaya, 1932, #990

Katalog:Babad Kadhiri, Mangunwijaya, 1932, #990
Sambung:-

Serie B. No ...

Babad Kediri

Sêrat Babad Kadhiri

Anggitanipun Mas Ngabèi Purbawijaya. Jaksa Agêng ing Kitha Kadhiri.

Karampingakên dening Mas Ngabèi Mangunwijaya ing Wanagiri 1922 - 1852

TJITAKAN KE II.

Diterbitken dan didjoeal oleh: Boekhandel TAN KHOEN SWIE, KEDIRI 1932

--- 0 ---

Boekhandel: TAN KHOEN SWIE, - Kediri. Menerbitkan kitab-kitab bahasa dan hoeroef Djawa:

A.

Amoerwa Kala ... f 0, 35 / Ardjoena Wiwaha ... f 1, 50 / Asmaralaja ... f 0,40 /

B.

Babad Gianti deel I sampai V à ... f 1,50 / Babad Kediri ... f 1,-- / Babad Mochamad ... f 0,35 / Babad Rasoel ... f 0,35 / Babad Tjirebon ... f 1,50 / Babad Toeban ... f 0,45 / Bab Wawadosing Gesang ... f 1,25 / Bagawad Gita ... f 1,35 / Bambang Dwihasta ... f 0,75 / Baoe Warna ... f 2,-- / Bawa Sagerongipoen ... f 0,60 / Bima Boengkoes ... f 0,45 / Bodja Boesana ... f 0,35 / Boekoe Sembahjang ... f 0,60 / Boerat Aroem ... f 0,45

D.

Darma Sabda ... f 0,65 / Dewa Roetji ... f 0,65 / Djaka Lodang ... f 0,10 / Djampi Soesah ... f 0,50 / Djampi Ghaib ... f 0,50 / Djati Moerti ... f 1,10 / Djitapsara ... f 0,60 / Djiwandana ... f 1,25

G.

Galoega Saloesoer Sari ... f 0,50 / Gatolotjo ... f 1,--

H.

Hari Wara ... f 1,25 / Hidajat Djati ... f 1,--

I.

Iladoeni ... f 0,35 / Ilmoe Spiritisme ... f 0,50 / Inl. Gem. Ordonnantie ... f 0,60

J.

Jatnamaja ... f 0,30

K.

Kabar Kijamat ... f 1,-- / Kaboetoehan ... f 0,35 / Ka'koel Islam ... f 1,50 / Kapratjajan ... f 0,50 / Kalam Wadi ... f 1,75 / Kalatida ... f 0,10 / Kandha Boemi ... f 0,65 / Katja Wirangi ... f 0,65 / Kawroeh Kasoeksman ... f 1, 65 / Kawroeh Mantig ... f 0,80 / Kawroeh Pangoengsed ... f 0,50 / Kawroeh Sanggama ... f 0,75 / Kawroeh Sasadji ... f 0,35 / Kawroeh Theosofie ... f 1,50 / Kebo Kenanga ... f 1,25 / Kidoengan ... f 0,50 / Krida Atmaka ... f 0,65 / Krida Graita ... f 2,70 / Krida Sastra ... f 0,20

L.

Lambang Pradja (Djajabaja) ... f 0,60 / Langen Drijan Poestakawèni ... f 0,60

M.

Madoe Basa deel I ... f 1, 65 / Madoe Basa deel II ... f 1,-- / Madoe Rasa ... f 1,50 / Madoewasito ... f 0,80 / Manik Hardja Nirmala ... f 0,60 / Mardi Tama ... f 0,60 / Marga Joewana ... f 0,35 / Ma Sapta Baja ... f 0,35

N.

Ngelmoe Pangasihan ... f 0,50 / Ngedja Arab ... f 0,60 / Ngelmoe Kak Sadjati ... f 0,35 / Ngelmoe Pangroetjat ... f 0,45 / Ngelmoe Panoedjoeman ... f 0,30 / Ngelmoe Pirasat (Pirasating djalma) ... f 0,35 / Niti Prana ... f 0,30 / Niti Sroeti ... f 0,45

O.

Oegering Palakrama ... f 0,30 / Oesoeloeddin ... f 2,25

HARGA DIATAS BELOEM TERITOENG ONKOST KIRIM

--- 2 ---

PENERBIT TAN KHOEN SWIE KEDIRI

[Grafik]

Diperlindoengi Hak pengarang Stb. 1912 No. 600 Fatsal 11. Kitab jang sjah ada tanda tanganja si penerbit, seperti di bawah ini:

[Tanda tangan: Tan Kun Swi]

--- 3 ---

Bêbuka

Sêrat Babatipun nagari Kadhiri, inggih nama Sêrat Babat Kadhiri

Anyariyosakên wiwit cikal bakalipun nagari Kadhiri, ngantos dadosipun karaton, mawi anyariyosakên karaton sakawan, inggih punika ing Janggala, 2. ing Ngurawan, 3. ing Panaraga, 4. ing Kadhiri. Sarta nyariyosakên adêgipun karaton Bintara, Dêmak, inggih wiwitipun santun agama Islam. Anggitanipun Mas Ngabèi Purbawijaya, jaksa agêng ing nagari Kadhiri. Wiridan saking cariyosipun Ki Butalocaya, dhanyang ing nagari Kadhiri, ingkang manuksma dhatêng Pak Sondong, awawan ginêm kalihan dhalang ringgit kalithik nama Ki Dêrmakôndha. Karampingakên ukaranipun, dening Mas Ngabèi Mangunwijaya ing Wanagiri, Surakarta. Taun 1922. - 1852.

--- 4 ---

PENGARANG

Gambarnya P. t. M. Ng. MANGOENWIDJOJO WONOGIRI

[Grafik]

Di atas ini saja tera gambarnja Almarhoem M. Ng. Mangoenwidjojo di Wonogiri, pengarang jang tersohor dan alim kitab-kitab; banjabanjak. boeah karangannja jang saja terbitkan.

Boekh. TAN KHOEN SWIE KEDIRI.

--- 5 ---

Sêrat Babat Kadhiri

Ing nalika taun Walandi 1832 nagari Kadhiri sawêg mêntas katampèn ing guprêmèn, kala samantên guprêmèn andangu babatipun kitha Kadhiri, ingkang kadangu Mas Ngabèi Purbawijaya, bêskal ing nagari Kadhiri sapisan. Dene Mas Ngabèi Purbawijaya wau kalêrês canggahipun Pangeran Katawêngan ing nagari Kadhiri.

Kacariyos, ing satunggiling dintên, Mas Ngabèi Purbawijaya, lajêng nimbali dhalang ringgit kalithik nama Ki Dêrmakôndha ing dhusun Kôndhairèn, kadhistrikan Majarata, Kadhiri. Dhalang wau sampun sêpuh sangêt, ananging taksih tètèh tutuk, dhasar awicarita. Sarêng dhatêng lajêng dipun ngandikani kados ing ngandhap punika.

Ki Dêrmakôndha, mulane kowe tak undang ana parlune. Dene parlune mangkene.

Sakawit ana pandangune kangjêng guprêmèn, iya iku andangu carita tanah Kadhiri kene, bisane dadi nagara kapriye babate. Saka pangiraku ing sarèhning kowe iku dhalang kuna, kang kocaritakake prakara nagara Kadhiri, Jênggala, Ngurawan, lan Singasari. Dadi kowe

--- 6 ---

mêsthi mangêrti, mara saiki caritakêna, anane nagara Kadhiri iki, kapriye mulabukane dadi nagara, sapa kang cikal bakal. Dene kang dak sumurupi mung wiwit caritane Panji Inokartapati, sapangisor, Panji Kartapati mandhuwur aku durung mangêrti. Mula coba gancarêna dak tulisane.

Aturipun Ki Dêrmakôndha. Bêndara, mênggah cariyosipun nagari Kadhiri, sêsêrêpan kula inggih kados panjênêngan punika, amung wiwit Panji mangandhap, Panji manginggil kula botên mangêrtos, ewodene mênawi wontên karsanipun pangagêng mundhut katrangan babatipun nagari Kadhiri, kados kula inggih sagêd ngaturi katrangan, awit kula gadhah pamitran jin, nama Kyai Butalocaya, ingkang manggèn wontên ing guwa Selabale rêdi Klothok, sabab piyambakipun ratuning jin ing tanah Kadhiri sadaya, ambawahakên rêdi Kêlut, rêdi Wilis sapangalèr dumugi watês Japan, sadèrèngipun ing ngriki dados kitha, piyambakipun sampun ngayangan wontên ing wana rêdi Wilis, mila kintên kula mêsthi mangêrtos babatipun kitha Kadhiri ngriki.

Yèn mangkono prayoga bangêt, aku bae têmokêna karo Kyai Butalocaya dak takonane dhewe.

Aturipun Ki Dêrmakôndha. Inggih prayogi, anggêripun [anggêripu...]

--- 7 ---

[...n] purun pinanggih panjênêngan, nanging sanadyan puruna, ingkang kadamêl warana inggih kula.

Mas Ngabèi Purbawijaya. Iya sakarêpe, nanging yèn awakmu kang dianggo warana, aja ngomyang, kaya adate wong kêsurupan, utawa kaya parewangan liya-liyane. Amarga iki prakara parlu, pundhutane kang duwe nagara, kudu kôndha sabênêre, Kyai Butalocaya kandhanana, kon carita kang sanyatane.

Aturipun Ki Dêrmakôndha. Inggih kasinggihan, anggêr pêpak sajènipun, têmtu purun matur prasaja. Kenging dipun pacak ing sêrat, katur ing ratu. Mila sapunika kula kaparênga mundur rumiyin, benjing dintên malêm Jumuwah Kaliwon kemawon kula sowan, panjênêngan kula aturi sudhiya sajènipun kados tiyang nanggap ringgit karucil. Ki Dêrmakôndha lajêng pamit mantuk, sampun kalilan.

Sarêng ing dintên malêm Jumuwah Kaliwon ManMas. Ngabèi Purbawijaya sampun sudhiya sarat-sarat tuwin sajènipun jangkêp botên kêkirangan, katata munggwing gêlaran pasir enggal wontên ing kamar tamu.

Wanci bakda Ngisa Ki Dêrmakôndha sampun sowan, bêkta panjak satunggal, nama Ki Sondong sampun sêpuh sangêt. Lajêng dipun timbali dhatêng kamar kasêbut ing nginggil, sasampunipun [sasampuni...]

--- 8 ---

[...pun] satata lênggah, Mas Ngabèi Purbawijaya andangu, êndi wayange. Ki Dêrmakôndha matur: Botên susah mawi ringgit, ingkang dados ringgit inggih kula akalihan abdi sampeyan Ki Sondong punika. Kula dados wakil sampeyan, Ki Sondong dados pangawalipun Butalocaya. Mila mangke manawi kula sampun bêsmi dupa, antawis Kyai Butalocaya sampun manuksma dhatêng Ki Sondong, kula: wakil sampeyan, lajêng pitakèn dhatêng Ki Sondong, kados pundi wangsulanipun Ki Sondong, lajêng panjênêngan sêrati kemawon.

Mas Ngabèi Purbawijaya. Iya prayoga, wis coba lêkasana.

Ki Dêrmakôndha lajêng bêsmi dupa, sarta matêk mantra gumrêmêng, lajêng kèndêl sadhakêp ajêng-ajêngan kalihan Ki Sondong, sami pandêng-pandêngan, botên dangu Ki Sondong galiyêr dhawah, amung sakêdhap lajêng anglilir linggih bagêgêg, Ki Dêrmakôndha amindha Mas Ngabèi Purbawijaya lajêng ambagèkakên, têmbungipun makatên:

Wilujêng rawuh sampeyan, Kyai Butalocaya.

Ki Sondong ingkang mindha Butalocaya. Wontên parlu punapa Mas Bèi Purbawijaya: sampeyan andhatêngakên kula.

Mas Ngabèi Purba. Inggih Kyai. Mila sampeyan kula

--- 9 ---

aturi rawuh ing griya kula, ingkang sapisan, kula kapengin sadherekan kalihan sampeyan, ingkang kaping kalih pancèn wontên parlunipun, dene parlunipun makatên kyai.

Sakawitipun kula tampi dhawuhing pangagêng, mundhut katêrangan babatipun nagari Kadhiri, kados pundi mulabukanipun dados praja, sarta sintên ingkang murwani jumênêng nata, gantos-gumantosipun ngantos dumugi samangke punika, kados pundi cariyosipun. Blêjad-blêjad kula inggih sampun ragi mangêrtos gancaripun, namung wiwit cariyosipun Panji Kudarawisrêngga sapangandhap, Panji sapanginggil kula botên sumêrêp, mila sangêt anggèn kula ngrêdatos. Saking rêmbagipun Ki Dêrmakôndha, kula kaprayogèkakên nyuwun sêsêrêpan dhatêng sampeyan, mila sampeyan lajêng kula aturi punika, kula nyuwun pitulung, kaparênga madhangakên ingkang dados pêtênging manah kula. Sampeyan amêsthi mangêrtos, awit sampeyan ingkang angratoni sakathahing lêlêmbat ing tanah Kadhiri.

Pak Sondong (Kyai Butalocaya) gumujêng ngakak sarwi wicantên, Mas Bèi: Mênawi namung prakawis makatên mawon gampil sangêt, awit ingkang cikal bakal Kadhiri ngriki pancèn kula, dene gancaripun makatên.

Kula punika ing ngajêng manungsa, nama kula Kyai Daha, kula

--- 10 ---

gadhah sadhèrèk nèm nama Kyai Daka, nalika samantên kula kalihan adhi kula Kyai Daka wau, sami babat wana wontên sacêlaking lèpèn Kadhiri ngriki, nêdya badhe kula damêl padhêkahan, dene ing ngriki taksih wana glêdhêgan dèrèng wontên tiyangipun satunggil-tunggila. Enggalipun sarêng sampun rêsik lajêng kula griyani kalihan sadhèrèk kula Kyai Daka wau, dangu-dangu lajêng wontên tiyang ingkang tumut gêgriya, saya lami saya rêja, kula ingkang dados sêpuh-sêpuhipun, kalihan adhi kula Kyai Daka.

Ing nalika samantên, kula katêdhakan Sang Hyang Wisnu, andhawuhakên dhatêng kula, bilih panjênênganipun karsa badhe angejawantah, sarta badhe jumênêng nata wontên ing padhêkahan kula wau, atur kula anyumanggakakên. Enggalipun Bathara Wisnu lajêng jumênêng nata wontên ing ngriki, ajêjuluk Prabu Aji Jayabaya,§ Kasêbut ing sêrat Ajipamasa, ingkang murwani jumênêng nata wontên ing Mamênang inggih ing Kadhiri punika Prabu Gêndrayana, lajêng pêputra Prabu Aji Jayabaya panjanmaning Bathara Wisnu, dede Wisnu ngejawantah. nama kula kapundhut, kangge namaning nagari, dados nagari Daha. Parlu kangge pangèngêt-èngêt, awit kula ingkang babat wana. Kajawi kaparingan nama nagari Daha, inggih kaparingan nama Kadhiri. Dene kula kaparingan nama: Butalocaya, têgêsipun tiyang [ti...]

--- 11 ---

[...yang] bodho nanging kenging dipun pitados. Dhawuh pangandikanipun Prabu Aji Jayabaya makatên: Bênêr kowe iku wong bodho, nanging kêna dak pêrcaya. Ing samêngko ingsun mung darma jumênêng ratu, sira kang dak pitaya among anak putunira. Namanipun adhi kula Kyai Daka inggih kapundhut, kaangge nama dhusun, adhi kula kaparingan nama Kyai Tunggul Wulung, kadadosakên senapati.

Ki Dêrmakôndha pitakèn, Prabu Jayabaya anggènipun jumênêng nata wontên ing Kadhiri laminipun pintên taun, sarta ingkang dipun trêpi kadhaton prênahipun sapunika ing pundi.

Butalocaya (pak Sondong), ingkang dipun trapi kadhaton wontên sawetan banawi, dipun wastani ing Mamênang, utawi Daha. Mamênang namaning kadhaton, Daha namaning nagari. Mila dipun wastani Mamênang, sabab ing nalika punika, satanah Jawi mênang piyambak, asmanipun Prabu Jayabaya angèbêgi bawana, agêng pangaribawanipun, ratu tanah sabrang kathah ingkang sami nungkul tanpa linawan ing prang sami asok bulu bêkti raja pèni guru bakal guru dadi, angaturakên putri minôngka parêkan cèthi, para nata môncapraja sami sayuk sumuyut, sarta sami puruita ing pangawikan agal rêmit, lair batos, ing wasana sami ajrih asih, anggêpipun ambathara. Para diyu danawa sami kêkês wingwrin, rêksasa [rêksa...]

--- 12 ---

[...sa] ingkang sura gora godha, sakala tinumpês tapis tan mônggasesa, mila nalika samantên, tanah Jawi sakalangkung têntrêm, botên wontên ingkang ngrêregoni. Bêbasan ingkang malang-malang putung, ingkang rawe-rawe rantas, mila sang prabu sawadyabalanipun agêng alit amung tansah among langên. Sang prabu mênawi dalu kêrêp têdhak dhatêng pasanggrahan Wanacatur, kalihan putranipun putri, nama Ratu Pagêdhongan. Dene ingkang kakarsakakên andhèrèk namung kula kalihan adhi kula Ki Tunggul Wulung, sarawuhipun ing pasanggrahan, lajêng lênggah ing palataran, amriksani tiyang langkung, sarta asring angandikakakên babagan ingkang gawat-gawat, bab rumêksaning praja tuwin sanès-sanèsipun. Mila pasanggrahan wau dipun paringi nama Wanacatur, sabab kala-kala manawi pinuju wontên ingkang dipun galih, kula tuwin Tunggul Wulung, lajêng kadhawuhan dhèrèk têdhak dhatêng Wanacatur, kaajak nyatur sadaya ingkang sawêk kagalih.

Punapadene sasumêrêp kula, Sang Prabu Aji Jayabaya, tuwin putrinipun Mas Ratu Pagêdhongan, manawi pinuju wontên ing Wanacatur botên nate dhahar, sanadyan ngantos pitu utawi sadasa dintên inggih botên dhahar, dene ingkang dipun dhahar amung pathining kunir, kalihan têmu lawak, dene para abdi amung sami nêdha bubur jagung, utawi gayam, saha sang prabu salaminipun [sa...]

--- 13 ---

[...laminipun] botên nate dhahadhahar. ulam. Mila sakidul wetan kitha Mamênang wontên dhusun nama Sikunir, tuwin Silawak, awit wêdalipun kunir kalihan têmu lawak, dados dhahar dalêm sang prabu. Mila panggalihipun sang prabu sakalangkung narawang, pirsa sadèrèngipun winarah, awit Wisnu ngejawantah, kasêmbuh tansah kapati brata.

Ki Dêrmakôndha pitakèn, punapa Prabu Jayabaya punika ingkang yasa jangkaning jaman ingkang dèrèng kalampahan, ingkang lajêng karan sêrat Jayabaya.

Ki Sondong. Inggih. Nanging sêrat Jayabaya punika warni tiga. Ingkang satunggal anggitanipun Sèh Sêbakir. Utusanipun sang prabu ing Ngêrum, ingkang numbali tanah Jawi, kapasang wontên ing rêdi Tidhar: Magêlang. Utawi kapasang wontên ing tanah Pacitan. Sarta lajêng amijèni tiyang ing tanah Jawi. Punapadene ingkang yasa taun sirah satunggal. Dumugi samangke angkaning warsa sampun 1761.§ Kasêbut ing babat Tanah Jawi, warsa sirah satunggal punika sinangkalan Kunir wuk tanpa dalu [jalu] M. W.

Ingkang kaping kalih inggih anggitanipun Prabu Jayabaya punika, karan Sêrat Jayabaya.§ Kasêbab [kasêbat] ing sêrat Pramanasidhi, anggènipun Prabu Jayabaya sagêd nganggit jangkaning jam [jaman] punika, puruita dhatêng Sèh Maolana Ngali Samsujèn, raja pandhita ing tanah Ngêrum M. W. Ingkang kaping tiga anggitanipun [anggi...]

--- 14 ---

[...tanipun] Prabu Banjaransari, ratu Jênggala pungkasan, ingkang lajêng pindhah dhatêng Galuh, ugi karan sêrat Jayabaya, sadaya wau nunggil misah, namung pikajêngipun sami kemawon. Sabab Prabu Banjaransari punika, inggih titisipun Prabu Jayabaya. Mila kadibyanipun sami. Sarta sagêd ngêrèh sadaya lêlêmbat.

Ing nalika jumênêngipun Prabu Jayabaya, nuju satunggiling dintên, ing Kadhiri kadhatêngan danawa èstri malêbêt dhatêng nagari, têtiyang salêbêting nagari sami gègèr, kakintên danawa èstri wau badhe damêl rêsah, lajêng dipun rampog ing tiyang kathah, kula tuwin Tunggul Wulung inggih tumut ngrampog, danawa ambruk, nanging dèrèng pêjah, lajêng kula pitakèni, malêbêt dhatêng nagari sêdyanipun punapa. Wangsulanipun badhe nginggah-inggahi Sang Prabu Jayabaya. Dene dhangkanipun ing wana Lodhoyong, satêpining sagantên kidul. Enggalipun lajêng konjuk sang prabu, botên dangu sang prabu lajêng anêdhaki. Danawa kadangu, aturipun badhe mawongan. Sang prabu ngandika. Yèn mangkono kang dadi sêdyamu, dewa ora marêngake. Nanging ingsun angsung pituduh marang sira, besuk sapungkur ingsun watara rong puluh taun, ing tanah kulon kene ana kang madêg ratu, akêkutha ana ing Prambanan, ajêjuluk Prabu Prawatasari, iku kang pinasthi dadi

--- 15 ---

jodhonira. Dèrèng kèndêl pangandikanipun Prabu Jayabaya, danawa èstri lajêng pêjah. Sang prabu saklangkung ngungun ing galih. Lajêng adhêdhawuh dhatêng kula. Dhusun sakidul kitha Mamênang dipun paringi nama dhusun Gumuruh, sabab nalika kula ngêpang danawa èstri wau wontên ing ngriku, swaraning tiyang sakalangkung rame gumuruh. Sarta danawa èstri wau lajêng kagambar kadhapur rêca gupala, dipun wastani rêca nyai, dumugi sapunika rêca wau taksih wontên ing dhusun Nyaèn, sakidul tilas kitha Mamênang. Inggiling rêca kawan wêlas kaki, thêlênging mripat sami lepekan cangkir pêlong, linggih jèngkèng.

Ing alami-lami, Prabu Jayabaya muksa. Kula kalihan Tunggul Wulung ugi lajêng dhèrèk muksa. Dhawuhipun Prabu Jayabaya kula kakarsakakên manggèn wontên ing guwa Selabale, sakilèn banawi, kadhawuhan nyêpuhi para lêlêmbat ingkang manggèn ing ngriku, Tunggul Wulung kadhawuhan manggèn wontên ing rêdi Kêlut. Angratoni lêlêmbat ingkang manggèn ing ngriku, kula ugi kaêrèhakên dhatêng Tunggul Wulung. Prabu Jayabaya dhawuh, kowe aja padha kaliru tômpa, mulane kowe: sing tuwa Butalocaya, dak kon manggon ing sakulon kali, sabab sakulon kali iku tanah adhêm, ora pati akèh prakarane, cukup dirêksa wong tuwa, mulane sing ênom Si Tunggul Wulung,

--- 16 ---

dak purih ana ing sawetan bangawan, sabab ing kono tanah panas, akèh prakarane, sarta kêrêp ana walahar angrusakake padesan, utawa alas kang ana pamêtune kêna dipangan wong cilik, dadi Si Tunggul Wulung dak purih ngulatake lakuning walahar mau, aja awèh nyimpang saka dalane lawas, yèn arêp narajang padesan, sadurunge walahar mau lumaku, wonge padha wèhana wisik, utawa ngalamat kang luwih cêtha, wonge kon lunga saka ing desa kono, supaya padha slamêt, lan wulu pamêtune kang dadi panganing manungsa iku rêksanên kang bêcik-bêcik, aja kongsi katrajang ing walahar. Apadene yèn ana uwong wani-wani maangrusakmangrusak. kêkayon kang gêdhe-gêdhe, kang uwohe kêna dipangan ing uwong, iku wonge kang ngrusak mau ganggunên. Aja kongsi kabacut ngrusak. Parlune yèn ana uwong môncanagara kang padha kamlaratan padha ngungsi mrono kêna ginawe gajul kêkurangane, nanging aja awèh anggawa mulih marang nagarane, yèn ana kang wani anggawa mulih ganggunên. Sasampunipun paring dhawuh makatên, Prabu Jayabaya lajêng angayangan. Kula tuwin Tunggul Wulung lajêng sami angèstokakên, sami nyeluman, rumêksa tanah kilèn lèpèn, Tuggul Wulung rumêksa tanah wetan bangawan, dumugi sapunika kula tuwin Tunggul Wulung, taksih sami lastantun [lastantu...]

--- 17 ---

[...n] angestokakên dhawuhipun Prabu Jayabaya.

Amila dumugi samangke, têtiyang ingkang gêgriya sacêlaking rêdi Kêlut, mênawi nêgor kajêng ingkang mêdal nipkahipun, lajêng sami kenging sêsakit utawi ewah, punika satêmênipun dipun ganggu Tunggul Wulung. Punapadene mênawi wontên tiyang patrap rêsah wontên ing ngriku, sami rêmênan bêbedhangan, amêsthi dipun têdha ing sima. Dados tiyang ingkang sami gêgriya ing ngriku kêdah wilujêng manahipun, botên kenging ambêk rêsah.

Dumugi sapunika, tanah Kadhiri sawetan bênawi, punika kenging dipun ungsèni têtiyang mônca ingkang kasangsara kathah ingkang dados kamulyanipun, dening angsal sabdanipun Prabu Jayabaya, ananging mênawi sampun cêkap, môngka lajêng mantuk dhatêng utah rahipun, sok botên widada, kathah ingkang lajêng mlarat malih. Sabab Tunggul Wulung ingkang botên angsal.

Dumugi sapunika, kula lêstantun angratoni lêlêmbat sakilèn bênawi. Manggèn wontên ing guwa Selabale. Tunggul Wulung lêstantun angratoni lêlêmbat sawetan bênawi, manggèn wontên ing rêdi Kêlut.

Nalika samantên wontên abdinipuabdinipun. Prabu Jayabaya: satunggal tumut muksa, nama Ki Kramatruna, dados seluman, lajêng kadhawuhan manggèn wontên sêndhang dhusun Kalasan, sakidul [saki...]

--- 18 ---

[...dul] kilènipun kitha Mamênang, sakilèning rêdi Kêlut, dados dhanyang ing ngriku, nama lêstantun Kyai Kramatruna. Ugi kabawah dhatêng Tunggul Wulung. Dumugi samangke, tiyang sêsabin sacêlaking dhusun Kalasan mênawi kêkirangan toya, lajêng sami nyadran dhatêng sêndhang Kalasan, mêmule Kyai Kramatruna, toyaning sêndhang lajêng kakêbur, botên dangu toyaning sêndhang lajêng mindhak sawatawis, lajêng mili dhatêng pasabinan.

Ing samuksanipun Prabu Jayabaya, wontên banjir agêng, karaton Mamênang lajêng pindhah dhatêng Purwacarita, inggih ing Mêndhang Kamulan, kitha Mamênang lajêng dados wana.

Kitha Mêndhang Kamulan, sarêng angsal pitung panjênêngan nata, ingkang jumênêng ratu nama Prabu Sindhula, muksa. Dipun gêntosi putra, nama Prabu Dêwata Cêngkar, lajêng kasêlan Ajisaka, jumênêng ratu wontên ing Mêndhang Kamulan, namung tigang taun, lajêng karêbat dhatêng putranipun Prabu Dêwata Cêngkar, nama Radèn Daniswara, lajêng jumênêng, nama Prabu Kaskaya, inggih Prabu Sri Maha Punggung. Lajêng tumurun dhatêng putra, nama Prabu Kalapa Gadhing, lajêng tumurun dhatêng putra, nama Prabu Mundhingwangi, lajêng tumurun dhatêng Prabu Mundhingsari, ing nalika punika umuripun karaton Mêndhang Kamulan 120 taun, lajêng dipun bêdhah dhatêng Prabu Prawatasari, ratu ing Prambanan, sadhèrèkipun Prabu Mundhingwangi kraton agêng lajêng [la...]

--- 19 ---

[...jêng] ngalih dhatêng Prambanan, ing Mamênang amung dipun tanêmi adipati kemawon, wontên ing Panjêr.

Ing mangke mênggah cariyosing kitha sanèsipun, kados ta: ing Purwacarita, ing Mêndhang Kamulan, ing Prambanan, kula botên sagêd anggancarakên, sabab kula botên nyipati piyambak, dene ingkang badhe kula cariyosakên inggih amung ing kitha Kadhiri ngriki, utawi ing Panjêr. Kados pandangu sampeyan ing ngajêng.

Ki Dêrmakôndha pitakèn, sababipun punapa, ing Mamênang têka botên wontên tilasipun karaton.

Pak Sondong. Sababipun saking kurugan walahar saking rêdi Kêlut, sarèhning sampun lami môngka kêrêp katrajang walahar, tilas karaton lajêng kapêndhêm botên katingal.

Dene ingkang taksih katingal amung yasanipun Prabu Jayabaya, awarna candi sakawan.

Satunggal candhi ing dhusun Prundung,

Kalih candhi Tegawangi,

Tiga candhi Surawana, sami wontên ing salèr wetanipun kitha Mamênang.

Sakawan candhi Rêca Kapal, wontên ing dhusun Bogêm.

Ki Dêrmakôndha pitakèn. Prabu Jayabaya yasa rêca Kapal Lagaran mawi sirah kalih, kadunungakên wontên ing dhusun [dhusu...]

--- 20 ---

[...n] Bogêm, dipun kubêng lêlarèn, punika nawung pêrlu punapa.

Pak Sondong mangsuli. Kala rumiyin dhawuhipun sang prabu makatên, anggoningsun gawe rêca jaran ana ing desa Bogêm iki, ingsun gawe pralambang candraning nagara Jawa. Têgêse Bogêm iku wadhah barang mas intên. Diidêri larèn, têgêse: disêngkêr. Jaran lagaran, têgêse tanpa sarat. Nganggo êndhas loro ungkur-ungkuran, têgêse: ing têmbe wong-wong wadon ing kene, loro paningale. Yaiku ora narima wong lanang siji, kudu ngrasakake wong lanang loro têlu kang dudu wajibe. Mangkono uga wong lanang, yèn arêp golèk bojo akèh kang didhêmêni dhisik, yèn condhong atine iya diningkah, yèn ora condhong ora sida diningkah.

Pak Sondong wicantên malih. Mas Bèi Bêskal, nyêlani atur, kula badhe andongèng. Ing nalika jaman jumênêngipun Adipati Panjêr ingkang sapisan, kalangênanipun abên sawung. Ing satunggiling dintên pinuju abên sawung wontên ing pandhapa, kenging dipun tingali ing tiyang kathah. Wontên satunggiling botoh, namanipun Gêndam Sêmaradana, gêgriya ing dhusun Jalas, warninipun anglangkungi bagus, salêbêting tanah Jawi botên wontên ingkang ngungkuli bagusipun,

--- 21 ---

dhasar bêsus radi karêngga ing busana, mila inggih dados panjang kidung, tiyang èstri nagari Daha kathah ingkang kedanan, kathah ingkang sami nginggah-inggahi sami bêkta arta bandhanipun kaêsrahakên dhatêng Gêndam Sêmaradana, mila botên kêkirangan. Ing nalika samantên, Gêndam Sêmaradana inggih sowan dhatêng kadipatèn, tumut abên sawung. Sadhatêngipun ing ngriku, kathah tiyang èstri ingkang ngêtutakên dhatêng Gêndam Sêmaradana, ngantos adamêl orêgipun tiyang sanagari.

Gêndam Sêmaradana lajêng majêng dhatêng pandhapa, kiyai adipati ugi sampun lênggah kalihan ingkang garwa. Kocapa: sarêng nyai adipati amirsani dhatêng Gêndam Sêmaradana, sanalika manahipun gumyur kados rinontog, gogrog ambyuk dhatêng Gêndam Sêmaradana. Supe mênawi wontên ing ngarsanipun kiyai adipati, paningalipun tansah tumanduk dhatêng Sêmaradana sadaya. Kiyai adipati botên kasamaran bilih ingkang garwa kasmaran dhatêng Sêmaradana. Sanalika duka jajabang mawinga-winga, sêdhèt ngunus curiga, sarwi anjangkah Sêmaradana dhadhanipun ginoco ing curiga, tuna dungkap kenging lèmpèngipun, Sêmaradana anjola, lajêng malês amêdhang dhatêng kiyai adipati, kenging dhadhanipun, kiyai adipati lajêng lumajêng dhatêng bêlik, awit kiyai adipati kagungan bêlik ingkang kenging kaangge jampi tatu, nanging dèrèng ngantos [nga...]

--- 22 ---

[...ntos] dumugi ing bêlik, kasêlak dipun tututi dhatêng Gêndam Sêmaradana, sarta sêsumbar, aja lumayu ayo mandhêga yèn nyata prawira. Kiyai adipati sarêng sumêrêp yèn dipun tututi dhatêng Sêmaradana, sarta dipun sumbari, lajêng kèndêl, nanging lajêng ambruk lajêng pêjah. Gêndam Sêmaradana, sarêng sumêrêp kiyai adipati pêjah, lajêng lumajêng dipun bujung ing tiyang kathah badhe dipun rampok. Sêmaradana têrus mantuk dhatêng ing griyanipun, taksih dipun luttut. ing tiyang kathah, ngantos dumugi ing griya, Gêndam Sêmaradana lumajêng malih, dumugi tinging. dhusun Kalasan, lajêng ambyur ing sêndhang Kalasan, tiyang kathah têrus pambujungipun, sarta sumêrêp Sêmaradana anggêbyur ing sêndhang, ugi lajêng tinungka ing sêndhang, dipun gêbyuri nanging Sêmaradana ical botên kantênan, dipun ubrês ngantos sawatawis dangu botên kapanggih. Tiyang kathah cuwa manahipun. Wusana gadhah pamanggih, bilih Sêmaradana muksa nyiluman dados dhêmit wontên ing sêndhang Kalasan, lajêng sami bibaran.

Ki Dêrmakôndha pitakèn. Kula mirêng wontên aji-aji, nama aji gêndam sêmaradana, kangge gunani tiyang èstri, punapa wiwitipun saking Gêndam Sêmaradana punika.

Pak Sondong. Inggih lêrês, nglêluri ajinipun Sêmaradana, ingkang kula cariyosakên wau.

--- 23 ---

Sapêjahipun Dipati Panjêr, Gêndam Sêmaradana lajêng kagambar dhatêng wayahipun ki dipati, ingkang dipun angge sela, dados rêca karan rêca Sêmaradana. Dene rêca wau sapunika taksih, wontên ing dhusun Panjêr. Nalika samantên ing kitha Panjêr lajêng bondhan tanpa pangagêng ngantos salêbêting sataun.

Ing nalika punika wontên satunggiling tiyang nama Jaka Pêgadhung, gêgriya ugi ing dhusun Gadhung. Jaka Pêgadhung gadhah sadhèrèk jalêr kalih, ingkang satunggal nama Jaka Bêsawa, ingkang satunggal nama Jaka Mêdada, sami gêgriya wontên salèring rêdi Kêlut, sakilèn rêdi Arjuna. Jaka Pêgadhung sasêdhèrèkipun sadaya wau kawartosakên sami lêpat ing pêjah, dening sami gadhah aji pôncasona, sarta sami gadhah ingon-ingon sima. Mila Jaka Pêadhung sasadhèrèkipun wau, sami keringan ing mônca dhusun, misuwur satanah Panjêr sadaya. Punapadene Jaka Pêgadhung sasadhèrèk wau, sugih sangêt, maesa lêmbunipun ewon, sami dipun umbar wontên ing wana, botên wontên ingkang purun nyolong, dening ajrih kadigdayanipun wau. Jaka Pêgadhung emah-emah angsal tiyang ing dhusun Morangan. Ing satunggiling dintên, Jaka Pêgadhung pabên kalihan semahipun, satêmah semahipun lajêng purik mantuk dhatêng Morangan. Jaka Pêgadhung lajêng nusul dhatêng Morangan [Mo...]

--- 24 ---

[...rangan] madosi ingkang èstri badhe dipun ajak mantuk, nanging ing dhusun Morangan semahipun kapanggih sêpên, Jaka Pêgadhung lajêng wangsul mantuk, sarêng lampahipun dumugi ing dhusun Prundung, Jaka Pêgadhung mampir dhatêng griyaning têtêpanganipun panjak pangrêbab, nama Singanyêta, sawêg pinuju ngrêbab, sarêng lumêbêt ing griya, sumêrêp semahipun sampun wontên ing ngriku, sarta linggih sandhing Singanyêta, sanalika Jaka Pêgadhung krodha yayah sinipi, Singanyêta lajêng dipun cêpêng sukunipun dipun larak mêdal, nanging Singanyêta panggah budi sarosa lajêng sagêd uwal, sarta gêlut ulêng sami digdayanipun, dugang-dinugang banting-binanting dangu botên wontên ingkang kasoran, dangu-dangu Singanyêta kenging dipun cêpêng sukunipun malih dhatêng Jaka Pêgadhungan, lajêng dipun bêkuk tugêl, nanging Singanyêta taksih sagêd nyandhak sirahipun Jaka Pêgadhungan rambutipun dipun ukêl, gulunipun kauntir lajêng kabêthot sirahipun pothol, sarèhning Singanyêta sumêrêp bilih Jaka Pêgadhungan gadhah aji pôncasona, sirahipun lajêng kasawatakên, kombul ing tawang, dhawah wontên ing dhusun Singkal sakilèn bênawi, Jaka Pêgadhungan lêstantun pêjah botên sagêd gêsang malih, sabab sirah kalihan gêmbung kapisah kalêtan bênawi. Singanyêta botên dangu ugi lajêng pêjah, dados sampyuh.

--- 25 ---

Sadhèrèkipun Singanyêta, nama Ki Jaka Baya, sarêng mirêng sadhèrèkipun pêjah sampyuh kalihan Jaka Pêgadhung, Jaka Baya lajêng bela mêgêng napas, pêjah, ugi wontên ing dhusun Prundung ngriku.

Sadhèrèkipun Jaka Pêgadhung, nama Jaka Bêasawa, lan Jaka Mêdawa,Pada bagian lain disebut Jaka Mêdada. kasêbut ing nginggil, sarêng mirêng bilih kakangipun pôncakara kalihan Singanyêta pêjah sampyuh, ugi lajêng bela muksa, lajêng mriyangyang dados seluman.

Kacariyos ing nginggil Jaka Pêgadhung gadhah ingon-ingon sima, punika satêmênipun inggih Jaka Pêgadhung sasadhèrèkipun wau, sagêd malih dados sima, sarta dados guru, kathah muridipun ingkang sagêd malih dados sima. Mila katêlah dumugi sapunika, sima malihan tiyang punika dipun wastani sima gadhungan, sarta ing dhusun Gadhung wau, dumugi sapunika taksih nama dhusun Gadhungan. Prênahipun wontên sawetaning rêdi Kêlut, inggih punika purwanipun wontên sima gadhungan.

Sapêngkêripun punika, Jaka Pêgadhung tuwin Singanyêta lajêng sami kagambar dhatêng anak putunipun, kadhapur rêca, sapunika rêcanipun taksih, sarta sandhanganipun Jaka Pêgadhung sasadhèrèk lajêng sami dipun sanggarakên, wontên ing sanggar dhusun Pagadhungan, dumugi sapunika, sanggaripun taksih.

Ing mangke kula badhe andumugèkakên cariyosipun [cariyosipu...]

--- 26 ---

[...n] nagari Prambanan, gêgancaranipun kados ing ngandhap punika.

Kala samantên ingkang jumênêng nata wontên ing Prambanan Prabu Prawatasari, putranipun gangsal, kakung sadaya. Sarta sami kajumênêngakên nata sadaya. Ingkang pambajêng nama Prabu Amongtani. Panggulu nama Prabu Sandhanggarba. Pandhadha nama Prabu Karungkala. Panêngah nama Prabu Pêtung Malaras. Warujunipun Prabu Srigênthayu. Prabu Amongtani angratoni tiyang among tani. Prabu Sandhanggarba dados ratuning tiyang dagang, angadhaton wontên ing nagari Japara. Mila dumugi samangke têtiyang dagang ing kitha Japara kathah ingkang mêmule dhatêng Prabu Sandhanggarba, supados sêmpulur anggènipun among dagang. Prabu Karungkala angratoni tiyang jagal. Prabu Pêtung Malaras, angratoni tiyang dèrès. Prabu Srigênthayu kakarsakakên anggêntosi jumênêng nata ing Prambanan, sarta sadaya wau sami kabawah ing Prambanan, kados kala samantên ingkang jumênêng ratu binathara Prabu Srigênthayu ing Prambanan. Prabu Prawatasari lajêng muksa.

Ki Dêrmakôndha pitakèn Punapa ratu Prambanan punika ingkang kasêbut nama Prabu Baka, ingkang purun nêdha tiyang.

Pak Sondong. Inggih.

Ki Dêrmakôndha. Sabab punapa, ratu nêdha dhatêng kawulanipun, tur sami manungsa.

--- 27 ---

Pak Sondong: Inggih. Mulabukanipun makatên. Satêmênipun ingkang kasêbut Ratu Baka punika èstri, garwanipun Ratu Prambanan sêpuh, Prabu Prawatasari, ingkang kasêbut ing ngajêng. Inggih punika titisipun Buta Nyai, ingkang nginggah-inggahi Prabu Jayabaya, ingkang pêjah dipun rampog tiyang kathah wontên ing Kadhiri, kasêbut ing nginggil. Anètèsi dhawuhipun Prabu Jayabaya, ing têmbe dados garwanipun ratu ing Prambanan. Mila doyan nêdha tiyang, awit titising danawa èstra.èstri. Inggih Ratu Baka punika ingkang lajêng kasêbut nama Rara Jonggrang. Mila nama Rara Jonggrang awit agêng inggilipun angungkuli tiyang kathah, nanging warninipun ayu sangêt angungkuli ayuning tiyang satanah Jawi. Sarta sampun pêputra satunggal miyos kakung. Wusana karêm nêdha tiyang, dados dipun namakakên Ratu Baka. Sarêng anggènipun nêdha tiyang kauningan ing Sri Prabu Prawatasari, Rara Jonggrang lajêng katundhung. Rara Jonggrang lajêng kesah dhatêng wana Panaraga, lêstantun adhêdhôngka wontên ing ngriku.

Sapêngkêripun Rara Jonggrang, saking kaparêngipun sang prabu, Rara Jonggrang lajêng kagambar, ingkang kaukir sela, dados dhapur rêca. Parlu kadamêl pangèngêt-èngêt, punapadene kagêm nglêlipur ingkang putra taksih timur, manawi mular takèn ingkang ibu. Mila dumugi sapunika tiyang èstri bôngsa [bông...]

--- 28 ---

[...sa] Jawi ingkang pantês dipun aji-aji kasêbut nyai, awit sami nulat sêsêbutanipun Nyai Rara Jonggrang, inggih Ratu Baka wau punika.

Ki Dêrmakôndha pitakèn. Ratu Baka punika pêputra pintên kalihan Prabu Prawatasari.

Pak Sondong. Amung pêputra satunggal kakung, kados ingkang kula cariyosakên kala wau. Sasedanipun ingkang rama Prabu Prawatasari, putra wau lajêng anggêntosi jumênêng nata wontên ing Prambanan, ajêjuluk Prabu Sri Gênthayu.

Prabu Sri Gênthayu pêputra gangsal.

1. Ingkang pambayun, nama Rara Suci Wanungsanya, wadat botên kêrsa krama, karêmênipunkarêmênanipun. amung mandhita.

2. Panênggak kakung, nama Radèn Lêmbu Amiluhur,

3. Panêngah kakung, nama Lêmbu Amêrdadu,

4. Sumêndhi, nama Lêmbu Pangarang,

5. Waruju ugi kakung, nama Lêmbu Amêrjaya.

Saking kêparêngipun sang prabu, putra kakung sakawan wau kajumênêngakên nata sadaya.

Radèn Lêmbu Amiluhur kadadosakên ratu wontên ing Jênggala, jêjuluk Prabu Dewakusuma.

Radèn Lêmbu Amêrdadu, kadadosakên ratu wontên ing Daha, ajêjuluk Prabu Pujaningrat.

--- 29 ---

Radèn Lêmbu Pangarang, kadadosakên ratu wontên ing Ngurawan, ajêjuluk Prabu Pujadewa.

Radèn Lêmbu Amêrjaya, kadadosakên ratu wontên ing Panaraga, ajêjuluk Prabu Pujakusuma. Dene ratu sakawan wau, ingkang kadadosakên ratu agêng ing Jênggala.

Karaton Prambanan lajêng sirna botên dados karaton dumugi samangke.

Dene Sang Pandhita Rara Suci Wanungsanya, lajêng momong dhatêng ingkang rayi-rayi ratu sakawan wau, mênawi pinuju wontên ing Jênggala, padhepokanipun wontên ing rêdi Pucungan.Pucangan. Mênawi pinuju wontên ing Daha, padhepokanipun wontên ing dhusun Kôndhairèn.

Ki Dêrmakôndha pitakèn, karatonipun Prabu Lêmbu Amêrdadu punika pêrnahipun samangke pundi.

Pak Sondong. Wontên sakilèn bênawi, sawetanipun dhusun Klothok lan Gênêng, inggih ingkang kathah banonipun pêthak punika.

Dene Radèn Malayakusuma, inggih Radèn Gunungsari, dalêmipun wontên ing Sabrang wetan, ringin kurungipun Radèn Gunungsari samangke dados pêkên, nama pêkên Gunungsari, lêstantun dumugi sapunika taksih nama pêkên Gunungsari.

Ki Dêrmakôndha pitakèn. Punapa sababipun têka nagari [naga...]

--- 30 ---

[...ri] Daha kasantunan nama nagari Kadhiri.

Pak Sondong. Inggih. Sababipun makatên, rèhning jaman samantên, ingkang dipun sêpuh-sêpuh tiyang satanah Jawi, Pandhita Rara Suci, inggih Dèwi Kilisuci. Sarta Dèwi Kilisuci wau, wanita ingkang botên nate ngêdalakên rah, dados pêrsasat kêdhi. Mila sarêng Prabu Lêmbu Mêrdadu jumênêng nata wontên ing nagari Daha, nagari Daha lajêng dipun lih nama nagari Kadhiri. Kangge prasêmon bilih ingkang bok ayu Dèwi Kilisuci wau, kêdhi. Utawi gadhah têgês, bilih ingkang bok ayu wau wanodya ingkang inggil pambêkanipun, botên purun kawon kalihan tiyang jalêr, nanging wadat botên karsa krama.

Têtiyang èstri ing tanah Kadhiri kathah ingkang nulat pambêkanipun Dèwi Kilisuci, nanging nulat dhirinipun kemawon, dene wadatipun tuwin anggènipun ulah kapandhitan botên wontên ingkang purun nulat. Tular-tumularing watêk, ngantos têtiyang Kadhiri jalêr èstri, gadhah pambêkan dhiri, nanging dhirining tiyang èstri, dados nagari Kadhiri wau nagari èstri. Mila manawi mangun prang, mênawi dipun lurugi asring kawon, mênawi nglurug asring mênang. Sabab tiyang èstri punika mênawi wontên paran kajèn, mênawi wontên griya dados kawonan.

--- 31 ---

Ki Dêrmakôndha pitakèn, kados pundi lêrêsipun kados ingkang kasêbut ing sêrat Jayakusuma. Putra Jênggala nama Radèn Kuda Rawisrêngga, krama angsal putri Kadhiri, nama Dèwi Sêkartaji, pangantèn kaundhuh dhatêng Jênggala numpak baita, sarêng dumugi sagantên rupak, inggih punika bêngganganipun Balambangan kalihan Bali, ing ngriku baitanipun pêcah, têtiyang ingkang sami andhèrèkakên kathah ingkang pêjah kabalabag, ingkang wilujêng buyar, sami rêbat gêsang piyambak-piyambak, pangantèn sakalihan tuwin kadang kadeyan ugi wilujêng, nanging pisah botên sagêd kêmpal, dening sami pados gêsang piyambak-piyambak wau.

Pangantèn jalêr Radèn Kuda Rawisrêngga, dhawah wontên ing nagari Balambangan, sangêt kawêlasarsa, lajêng mantuk dhatêng Jênggala.

Pangantèn èstri Dèwi Sêkartaji, Dèwi Ragil Kuning, Menak Agung, Menak Cao, dhawah wontên ing nagari Bali. Wontên ing Bali Dèwi Sêkartaji lajêng mindha kakung, sarta jumênêng nata, asêsinglon nama Prabu Jayalêngkara. Dèwi Ragil Kuning ugi mindha priya, kadadosakên patih, nama Patih Jayaasmara, Menak Agung Menak Cao, sami kadadosakên nayaka.

Dèrèng watawis dangu jumênêngipun nata Prabu Jayalêngkara, kapiyarsa saking nagari Ngurawan, bilih ing Bali wontên ingkang madêg [ma...]

--- 32 ---

[...dêg] nata enggal, botên nyuwun lilah dhatêng nagari Ngurawan, sang nata ing Ngurawan lajêng ngaturi uninga dhatêng ing Jênggala, lajêng dipun lurugi, ingkang kautus dados senapatining prang, Radèn Panji Jayakusuma, inggih Radèn Panji Kuda Rawisrêngga, putra ing Jênggala. Inggih pangantèn jalêr ingkang kasêbut ing nginggil. Dipun kanthèni ingkang rayi Radèn Panji Sastramiruda, miwah para adipati bawah Jênggala tuwin bawah Ngurawan. Ingkang makatên wau lêrêsipun kados pundi kyai.

Pak Sondong mangsuli sarwi gumujêng. Mas Bèi, cariyosipun sêrat Jayakusuma wau, sadaya dora.

Ing nalika samantên tanah Jawi namung wontên ratu sakawan, tur sasadhèrèk, dados tanah Jawi santosa sangêt, tanah Bali tuwin Madura kabawah ing tanah Jawi, binatharanipun wontên ing Jênggala. Ing Bali dhatêng Ngurawan kalihan dhatêng Jênggala, cêlak dhatêng Jênggala. Dados saupami ing Bali wontên ingkang madêg nata enggal, sarta niyat ambalela dhatêng tanah Jawi, ingkang mirêng rumiyin sarta ingkang anglurugi amêsthi Jênggala, awit ing Jênggala mênang cêlak sarta mênang kuwasa. Botên ing Ngurawan. Mila cariyos wau nelakakên manawi dora. Punika amung saking wasising pujôngga kemawon, awit satêmênipun ing nalika samantên, sajumênêngipun ratu sadhèrèk sakawan wau, ing tanah Jawi gêmah

--- 33 ---

ripah tata raharja sayêktos, botên wontên pêrang, botên wontên prakawis agêng, ingkang adamêl rêntênging nagari. Panjênêngan nata sakawan sawadyabalanipun amung tansah atut rukun, tansah sami among sênêng among langên. Tiyang alit sami jibar-jibur mirah sandhang têdha. Dados ing nalika punika botên wontên ingkang kacariyosakên dados babat, awit jaman têntrêm, para luhur amung sami tansah mangun suka. Mila para pujôngga lajêng nganggit-anggit, damêl pralambang lêlampahan, kangge cacriyosan ing wingking.

Dene satêmênipun kala jaman samantên punika makatên.

Ratu ing Jênggala Sang Prabu Lêmbu Amiluhur punika, putranipun ingkang miyos saking padmi tiga. Kakung kalih, putri satunggal.

Ingkang sêpuh inggih Radèn Panji Kuda Rawisrêngga wau. Nuntên Radèn Panji Sastramiruda. Ragilipun inggih Dèwi Ragil Kuning. Dene ingkang mêdal saking ampeyan kathah. Nanging namanipun botên kula cariyosakên.

Ratu Kadhiri Lêmbu Mêrdadu, putranipun tiga.

Ingkang sêpuh inggih Dèwi Sêkartaji wau, inggih Dèwi Côndrakirana. Nuntên Radèn Gunungsari, inggih Radèn Malayakusuma. Ragilipun nama Rêtna Mindaka.

--- 34 ---

Ratu Ngurawan, Prabu Pujadewa. Ugi pêputra tiga.

Ingkang sêpuh nama Dèwi Surèngrana. Nuntên Dèwi Kumudaningrat. Wuragilipun jalêr, nama Radèn Sinjanglaga.

Ing nalika samantên, saking kaparêngipun Ratu Jênggala Prabu Lêmbu Amiluhur, putranipun sêpuh Radèn Panji Kuda Rawisrêngga wau, badhe kakramakakên angsal putranipun ingkang rayi ratu ing Kadhiri, nama Dèwi Sêkartaji kasêbut ing nginggil.

Ing satunggiling dintên, Sang Prabu Jênggala animbali patihipun, nama Patih Kudanawarsa. Dipun ngandikani badhe kautus dhatêng Kadhiri maringakên nawala dhatêng ingkang rayi sinuhun ing Kadhiri. Dene parlunipun mundhut putranipun putri, Dèwi Sêkartaji, badhe kadhaupakên kalihan Radèn Kuda Rawisrêngga. Sarta Radèn Kuda Rawisrêngga kadhawahan ngirit pisan, sowan dhatêng Kadhiri, supados sumêrêp warninipun Dèwi Sêkartaji, punapadene Dewi Sêkartaji, ugi sumêrêpa warninipun Radèn Panji Rawisrêngga. Sarta malih Dèwi Onêngan, ugi kadhawuhan sowan dhatêng ing Kadhiri, supados sumêrêp dhatêng para sadhèrèkipun, putranipun ingkang paman sinuhun ing Kadhiri. Dipun kanthèni pun Jurudèh tuwin Prasônta.

Kyai Patih Kudanawarsa aturipun sandika, nawala lajêng kaparingakên, botên antawis dintên lajêng bidhal. Ing margi [mar...]

--- 35 ---

[...gi] botên kacariyos, samantên sampun dumugi ing nagari Kadhiri, lajêng sowan ing sang prabu, matur saparlunipun tuwin nyaosakên nawala. Sêrat sampun katupiksa ing Sang Prabu Kadhiri, punapa suraosipun sadaya sampun kadriya, sang prabu amung andhèrèk saking karsanipun ingkang raka, sinuhun ing Jênggala, saha sakalangkung suka amarwata suta. Radèn Kuda Rawisrêngga tuwin ingkang rayi Dèwi Onêngan lajêng kadhawuhakên andhèrèk malêbêt ing kadhaton. Radèn Kuda Rawisrêngga tuwin Dèwi Onêngan, lajêng sami ngabêkti dhatêng ingkang ibu pramèswari, sarta sampun kapanggihakên dhatêng ingkang rayi-rayi, sami kasok sukaning galih. Lajêng kasêgah lêlangên sarimpèn.

Enjingipun Panji Kuda Rawisrêngga kadangu dhumatêng ingkang paman sang prabu ing Kadhiri, punapa sampun tamat dhatêng ingkang rayi Dèwi Sêkartaji, sarta punapa sampun kadugi momong. Aturipun Panji sampun, sarta sampun sandika kadhaupakên.

Sang Prabu Kadhiri lajêng damêl sêrat wangsulan katur ingkang raka sang prabu ing Jênggala, sarta sampun kaparingakên dhatêng Patih Kudanawarsa, sarta Radèn Panji Kuda Rawisrêngga, kadhawuhan wangsul rumiyin dhatêng ing Jênggala. Amung Dèwi Ragil Kuning tuwin Jurudèh Prasônta, kadhawuhan kantun wontên ing Kadhiri, amung

--- 36 ---

Radèn Panji dipun suwun tumuntêna kaparingakên wangsul dados pangantèn. Ingkang tampi dhawuh aturipun sami sandika.

Enjingipun Patih Kudanawarsa, tuwin Panji Rawisrêngga sami nyuwun pamit ing sang prabu, sampun kaparêng lajêng bidhal.

Sapêngkêripun Patih Kudanawarsa, sang prabu ing Kadhiri lajêng dhawah tata-tata amiranti ngrakit pura, tuwin saupakartinipun badhe kagungan damêl mantu sampun samapta sadaya.

Kacariyos Patih Kudanawarsa tuwin Panji Kuda Rawisrêngga sampun dumugi ing Jênggala, sarta sampun sowan ing sang prabu, sêrat sangking ingkang rayi nata ing Kadhiri sampun kacaosakên, suraosing sêrat sang prabu ing Kadhiri, amung sandika andhèrèk sakaparêngipun ingkang raka. Punapadene Panji Kuda Rawisrêngga, ugi sampun rêmên dhatêng Dèwi Sêkartaji, mila amung cumadhong dhawuh, ing samôngsa-môngsa Panji Rawisrêngga kaparingakên wangsul dhatêng Kadhiri, lajêng kadhaupakên. Sang prabu ing Jênggala sakalangkung pirênaning galih, mila lajêng paring sêrat wangsulan dhatêng ingkang rayi nata ing Kadhiri, suraos aparing ubaya anggènipun badhe maringakên ingkang putra Radèn Rawisrêngga.

Ing sadèrèngipun dumugi patêmbayan, Radèn Panji Kuda Rawisrêngga alêledhang basiyar ing salêbêting kitha, lajêng ampirmampir. ing kapatihan, sadumugining kapatihan, Radèn [Radè...]

--- 37 ---

[...n] Panji lajêng têrus dhatêng pêngkêran, sumêrêp putrinipun Kiyai Patih Rêtna Angrèni, pinuju ambathik, lajêng dipun parpêki, Dèwi Angrèni sarêng dipun parpêki ingkang raka Radèn Rawisrêngga, lajêng angadêg têrus malêbêt ing dalêm botên mêdal-mêdal.

Radèn Kuda Rawisrêngga, sadangunipun aningali lampahipun Dèwi Angrèni malêbêt ing dalêm, tansah amandêng kêdhèp têsmak, saha sakalangkung cuwa dene lajêng botên mêdal. Saha sakalangkung ngungun gêgêtun, dene Kyai Patih darbe putri sakalangkung endah ing warni. Ing sanalika ngriku, Radèn Panji kataman turidasmara, botên kenging sinayutan. Mila tansah anglênggêr botên sagêd ngandika. Patih Kudanawarsa waspada ing sêmu, bilih Radèn Panji kasabêt ing turidagati. Lajêng dipun aturi malêbêt dhatêng ing dalêm, Radèn Panji botên lênggana, lajêng pinarak wontên ing dalêm. Patih Kudanawarsa matur. Punapa darunanipun têka paduka kawistara kados kataman gêrah dadakan.

Sarêng sampun sawatawis, Radèn Panji napasipun sampun aring, lajêng angandika. Dhuh paman patih, walèh-walèh punapa, mila kula makatên, inggih awit saking pandamêl sampeyan, dene paman masangi wisa ingkang cumalorot kados lintang rêntah ing siti.

Patih Kudanawarsa, sampun anampèni kêclaping pangandika, [pangandi...]

--- 38 ---

[...ka,] bilih Radèn Panji kasabêt ing turidagati, brônta dhatêdhatêng. ingkang putra Dèwi Angrèni. Lajêng tumungkul èsmu ngungun sarta dangu botên wacana.

Radèn Panji lajêng ngandika malih. Paman, rare ayu ingkang pindha kusumaning Ratih punika wau sintên, punapa putra sampeyan, têka sagêd adamêl tratabing manah, ngantos mèh sumaput kula.

Patih, dhuh anggèr gusti kawula, walèh-walèh punapa, rare èstri punika wau, inggih abdi sampeyan anak kula èstri.

Radèn Panji. Putra sampeyan namanipun sintên, paman.

Patih. Kula namakakên Rara Angrèni.

Radèn Panji. Dhuh adhiku dhewe Ngrèni, Ngrèni. Idhêpa yèn duwe kadang cêdhak pinunjul ing warna, ora parlu kadhakalan nontoni marang Kadhiri. Paman patih, kula botên ngintên pisan-pisan bilih bibi kagungan putra èstri sampurna ing warni, kados yayi Angrèni. Ing mangke adrênging manah kula botên kenging dipun sayuti, kula suwun ing jawata, amung yayi Angrèni dadosa têtimbangan kula wontên ing marcapada dumugi ing dêlahan. Mila sangêt-sangêt ing panyuwun kula dhatêng paman patih, yayi Ngrèni kaparênga kula êmong piyambak, sarta sapunika ugi, yayi Ngrèni lajêng

--- 39 ---

kula boyong dhatêng ing kadipatèn. Wondene pacangan kula yayi Sêkartaji, kula sandèkakên.

Kyai Patih Kudanawarsa, sarêng mirêng pangandikanipun Radèn Kuda Rawisrêngga, sangêt anglênggêr, pitung pandurat botên angandika. Pangunandikaning galih. Dhuh dewa bathara, iki kapriye, lamun ingsun anuruti kang dadi karsane pangeran adipati, gèk kapriye dadine ing têmbe. Saiba dukane sang prabu. Sabab wus ubaya dina sasine bakal dhauping pangantèn, jêbul ana lêlakon mangkene. Wusana lajêng matur dhatêng Radèn Panji Kuda Rawisrêngga. Dhuh gusti kula, manawi makatên ingkang dados karsa paduka, pun paman inggih sakalangkung amundhi, sangêt kalinggamurda. Nanging kula ajrih anglangkungi rama paduka sang prabu. Ing mangke paduka kula aturi kondur rumiyin, mangke sontên kula badhe matur ing sang prabu, punapa ingkang dados karsa paduka wau.

Radèn Panji. Inggih sakarsa sampeyan paman, nanging kula botên mantuk dhatêng Kadipatèn, manawi botên kalihan yayi Ngrèni.

Sanalika Patih Kudanawarsa, lajêng malêbêt dhatêng kadhaton, munjuk ing sang prabu. Sang prabu sarêng amidhangêt aturipun kyai patih, sakalangkung kagèt ing galih, dahat dukaning wardaya, nanging sinamun ing netra, pangunadikaningpangunandikaning. galih, kaelokan [kaelo...]

--- 40 ---

[...kan] narking mungbèngkaelokaning kang murbèng. pasthi, têka Si Panji bisa têmên gawe moga, kang murangtataning silakrama. Yèn ingsun anurutana karêpe Si Panji, ora wurung bakal gawe kusuting praja, saiba cuwane yayi Prabu Kadhiri. Nanging yèn ora sun turutana, iya ora wurung bakal ruara. Dangu kagagas ing wardaya, wusana wontên wêwênganing galih, lajêng angandika.

Patih Kudanawarsa, mungguh prakara iki, karsaningsun mangkene bae. Si Panji mêsthi sida dak dhaupake karo putrine yayi Prabu Kadhiri. Nanging sarèhning Si Panji kedanan bangêt marang anakmu Si Ngrèni, ing mêngko dak pituruti, saiki uga, dak dhaupake karo anakmu, nanging mung minôngka sêlir tuwa bae. Besuk têkaning dina ubaya, Si Panji iya uga dak kirimake marang Kadhiri, kaya dhawuh ingsun ing ngarêp. Kaya ora andadèkake runtike yayi prabu, amarga satriya gêdhe, wus jamake sugih sêlir ayu-ayu. Ing samêngko kapriye mungguh pamikirmu, sira apa rila anakmu mung dadi sêlir bae.

Patih. Dhuh gusti kula sinuhuni, mênggah raosing manah kawula, abdi dalêm anak kawula pun Ngrèni, abdi dalêm botên rumaos anggadhahi, amung sadarmi angukir, sampun malih ingkang kagêm garwa paminggir, dhumatêng putra dalêm gusti kawula prabu anom, sanadyan kapundhut pawongan cèthi,

--- 41 ---

kakarsaksakênkakarsakakên. dados juru dêdaha, juru ngangsu nyapu, abdi dalêm kawula saèstu amung anyumanggakakên. Sampun malih abdi dalêm anak kawula kapundhut kagêm kalangênan, botêna kawula unjukakên, sanadyan pêjah gêsang kawula, kapundhuta enjing utawi sontên, abdi dalêm muhung sumarah sakarsa dalêm, samêndhang botên anggarantês.

Sang prabu. Kudanawarsa, ing sarèhning sira wus nyumanggakake apa kang dadi kaparênging karsaningsun, ing mêngko sira muliha, anakmu Si Panji, lan Si Ngrèni, banjur angkatêna lêbokna marang kadhaton, mêngko sore banjur dak dhaupake.

Patih. Matur sandika, lajêng mêdal. Sadumuginipun kapatihan, lajêng matur dhatêng Radèn Panji Kuda Rawisrêngga, kados dhawuhipun sang prabu, Radèn Rawisrêngga sangêt trusthaning galih. Botên kacariyos rêroncènipun, Radèn Kuda Rawisrêngga lajêng kondur ing kadhaton, Dèwi Angrèni kabêkta. Sadumugining kadhaton lajêng kapanggihakên, sarta lajêng kaparingakên dhatêng kapatihan, kêkalihipun sami sih-sinisihan botên wontên sangsayanipun.

Botên antawis dangu sampun dumugi ing dintên ubayaning sri narendra, Radèn Kuda Rawisrêngga badhe kaangkatakên dhatêng Kadhiri, nanging Radèn Rawisrêngga mopo, botên saèstu [sa...]

--- 42 ---

[...èstu] purun anglampahi dhaup kalihan putri Kadhiri, sampun narimah jatukrama kalihan Dèwi Angrèni kemawon, saupami kapêksa ngaturakên pêjah gêsang.

Sang prabu, sakalangkung lêgêg ing galih, saupami sande anggènipun badhe bêbesanan kalihan ingkang rayi nata ing Kadhiri, sakalangkung merang ing galih. Sang prabu lajêng ngaturi ingkang bok ayu Dèwi Kilisuci, ingkang amartapa wontên ing rêdi Kapucangan, Rêsi Kilisuci sampun rawuh, lajêng lênggah satata wontên ing Sanasewaka. Sang prabu lajêng angaturakên ingkang dados ribênging galih, purwa madya wusana sampun katur sadaya, sang prabu nyuwun timbangan dhatêng ingkang bok ayu, kados pundi mênggah sakecaning lampah.

Sarêng Dèwi Kilisuci amidhangêtakên pangandikanipun ingkang rayi sri narendra ing Jênggala, sakalangkung ngungun, wupanawusana. angandika. Yayi prabu, yèn mangkono karêpe Si Panji bakal ngrusak wijining karaton, môngka mungguh utamane, wiji karaton mau bisa lulus murni, putraning nata kudu dhaup lawan putrining narpati, kaya karsane yayi prabu. Ing mêngko kang dadi panêmuku, sayogane Si Ngrèni disirnakake bae. Yèn Si Ngrèni wus ora ana, Si Panji amêsthi gêlêm dhaup karo Si Sêkartaji.

Sang Prabu Jênggala: matur. Kakang bok, makatên punika [puni...]

--- 43 ---

[...ka] botên lêrês. Ngrèni dipun sirnakakên lêpatipun punapa. Sabab prakawis punika sanès sêdyanipun Ngrèni, sarta sanès pikajêngipun Kudanawarsa, amung saking kadêrêngipun putra sampeyan pun Panji piyambak. Mila saupami kalampahan pun Ngrèni kula lunasi, sampun tamtu kula katêtêpakên ratu angkara, ratu candhala purun angrisak adil, amêjahi tiyang tanpa dosa. Kula ajrih sêsikuning jawata. Kaping kalih Patih Kudanawarsa, sampun mêsthi manahipun botên anarimah. Ing môngka piyambakipun patih wasesa, saupami sarêmbag kalihan para nayaka, saèstu sagêd damêl rêngkaning praja.

Rêsi Kilisuci ngandika. Pilih êndi, kang sapisan bakal ngrusak turun, kang kaping pindho gawe lingsêming sadulur tur sapadhaning ratu, karo matèni wong siji. Dene mungguh patine Si Ngrèni, lamun murih Kudanawarsa narima atine, gampang bae masalahe. Mangkene. Anggènira utusan matèni, aja kongsi kawanguran ing liyan, apadene Patih Kudanawarsa. Yèn wus kalakon, kang matèni purihên minggat dhisik, sawuse Si Kudanawarsa, banjur dhawuhana ngupaya, yèn katêmu kaulur prakarane, lan bakal dirampungi apa bênêre. Mulane katêmune kajibahna Kudanawarsa, sabab dhèwèke patih wasesa. Yayi [Ya...]

--- 44 ---

[...yi] prabu sangadia ora narima mungguh patine putramu mantu.

Sang prabu kèndêl botên ngandika. Rêsi Kilisuci ngandika malih. Yayi prabu, prakara iki, sira aja sandeya, karana kabèh-kabèh wus ana ingsun, yèn ana dêdukaning dewa têmpuhna marang ingsun. Awit anane lêlakon iki, ingsun wus ora kasamaran, mula gugua marang pratikêl ingsun.

Sang prabu sarêng midhangêt pangandikanipun ingkang raka Dèwi Kilisuci, ajrih amaoni. Awit angèngêti, bilih ingkang bok ayu pandhita linangkung, kinasihan ing jawata. Mila lajêng matur, andhèrèk karsanipun ingkang raka. Anggêripun botên manggih dêdukaning jawata.

Dèwi Kilisuci ngandika malih. Yayi prabu, yèn jênêng sira mêksa sumêlang, cêkake mangkene bae, jênêng sira kadhatona, prakara iki dak rampungane dhewe, sira aja mèlu-mèlu.

Sang prabu lajêng pamit angadhaton, laju tumamèng sanggar pamêlêngan, amêminta ing jawata raharjaning kang parasdya.

Sajêngkaripun sang prabu. Rêsi Kilisuci lajêng nimbali ingkang putra Radèn Nilaprabôngsa, putra Jênggala ingkang sêpuh, mêdal saking ampeyan, sarêng sumiwi, lajêng dipun pangandikani kawontênanipun lêlampahan sadaya, sarta lajêng winisik [winisi...]

--- 45 ---

[...k] sajatining karsa. Radèn Nilaprabôngsa sampun tampi ing wardaya, punapadene sandika nglampahi punapa sapitêdahipun ingkang uwa.

Dèwi Kilisuci ngandika. Nilaprabôngsa, ing samêngko Si Panji bakal dak timbali, dak purih ngatêrake mulih marang Kapucangan, ana ing kana bakal dak êndhêg sawatara dina. Mula sapungkur ingsun lan Si Panji, sira banjur mênyanga ing kadipatèn, Si Ngrèni pêthukên, warahên yèn dak undang marang Kapucangan, lan Si Panji angêntèni ana ing kana, awit kapengin lêlangên ana ing pratapan lawan dhèwèke Si Ngrèni. Ing kono yèn wis ana ing dalan, Si Ngrèni banjur rampungana, sauwise sira banjur lungaa kang adoh, singitana ana ing gunung Wilis, mindhaa pandhita, ngaliha aran Wasi Curiganata, poma, aja kongsi kadêngangankadênangan. ing wong akèh.

Enggaling cariyos, Radèn Panji sampun dipun timbali, sarta sampun andhèrèkakên konduripun ingkang uwa Dèwi Kilisuci, dhatêng pratapan ing Kapucangan.

Kocapa, sapêngkêripun Dèwi Kilisuci, Radèn Nilaprabôngsa lajêng dhatêng kapatihan, kapanggih Dèwi Angrèni, sangadi dipun utus Radèn Panji Kuda Rawisêngga, Dèwi Angrèni dipun timbali dhatêng pratapan Kapucangan, Dèwi Angrèni [A...]

--- 46 ---

[...ngrèni] botên lênggana, lajêng bidhal dhatêng Kapucangan, sarêng dumugi ing margi ingkang kiwa Dèwi Angrèni dipun lunasi dening Radèn Nilaprabôngsa, sasampuninsasampunipun. Radèn Nilapabôngsa lajêng singidan dhatêng rêdi Wilis, asêsilih nama Wasi Curiganata.

Radèn Panji wontên ing Kapucangan sampun wolung dintên, tansah onêng dhatêng ingkang garwa Dèwi Angrèni, nyuwun pamit dhatêng ingkang uwa, mantuk dhatêng ing praja, Rêsi Kilisuci sampun marêngakên, Radèn Panji lajêng bidhal dhatêng ing Jênggala, sadumugining praja jujug ing kapatihan, ingkang garwa Dèwi Angrèni kapanggih sêpên, lajêng andangu dhatêng pawongan, aturipun dipun ajak Radèn Nilaprabôngsa, dhatêng Kapucangan.

Radèn Panji sarêng mirêngakên aturipun pawongan, kumêsar salêbêting galih, sampun angintên bilih ingkang garwa dipun pêjahi dening ingkang raka, ingkang raka dipun padosi botên pinanggih. Radèn Panji lajêng gandrung, sarta lajêng gêrah sangêt. Sarêng sampun ragi sênggang lajêng dipun timbali dhatêng ingkang rama sang prabu, badhe kaarak dhatêng Kadhiri, Radèn Panji mopo, ngantos wali-wali mêksa mopo. Sang prabu sangêt duka, Radèn Panji lajêng kadhawuhan tundhung. Radèn Panji lajêng kesah angikis ratri, amung kadhèrèkakên [kadhèrèka...]

--- 47 ---

[...kên] ingkang rayi Rad PènjiRadèn Panji. Sastramiruda, ingkang sinêdya ing galih badhe sowan ingkang paman Sang Prabu Pangarang ing Ngurawan.

Kocapa, Patih Kudanawarsa, lajêng amilênggahakên dhatêng sang prabu, bilih yoganipun Dèwi Angrèni dipun cidra dening Radèn Nilaprabôngsa. Kyai Patih nyuwun adil.

Sang prabu apingungun ing galih, lajêng adhêdhawuh dhatêng Kudanawarsa, Radèn Nilaprabôngsa kadhawuhan madosi, manawi kacêpêng badhe dipun patrapi punapa lêrêsipun, nanging manawi botên kacêpêng prakawis kaebrakakên, sabab dakwanipun miruda.

Sang prabu ing Jênggala, lajêng utusan paring priksa dhatêng ingkang rayi Nata Kadhiri, Ngurawan, tuwin dhatêng Panaraga, bab sandenipun anggèning badhe miwaha putra, awit Radèn Panji anis saka praja.

Mila kacariyos ing padhalangan ringgit krucil, pisahipun putra Jênggala kalihan putri Kadhiri, layar wontên sagantên rupak, têgêsipun sami panjênêngan nata rêmbag badhe bêbesanan, sampun kêkênthêngan dintên, dados sampun rupak parlunipun, wusana sande. Lajêng kaanggit ing pujôngga, pisahipun putra lan putri sami anis saka praja, nyabrang sagantên rupak.

Kacariyos, sarêng sang prabu ing Kadhiri tampi sêratipun ingkang [ing...]

--- 48 ---

[...kang] raka sinuhuni ing Jênggala, anyandèkakên anggènipun bêbesanan, sakalangkung ngungun ing galih. Wusana mupus karsaning dewa, bokmanawi putranipun pancèn sanès jodhonipun putra ing Jênggala.

Kocapa, lampahipun Radèn Panji Kuda Rawisrêngga, akalihan ingkang rayi Radèn Panji Sastramiruda, sampun dumugi ing nagari Ngurawan, lajêng sowan ingkang paman Sang Prabu Lêmbu Pangarang, sang prabu kapitakampita. ing galih, dening lêlancaran botên mawi kadhèrèkakên punggawa, sampun ngintên bilih purik dipun dukani ingkang rama. Radèn Panji matur prasaja punapa ingkang dados darunanipun, miwiti malah mêkasi sampun katur sadaya.

Sang Prabu Ngurawan sangêt ngungun ing galih. Wêkasan ngandika karsa angêmong dhatêng ingkang putra Radèn Kuda Rawisrêngga, tuwin Radèn Panji Sastramiruda. Sang prabu ngandika malih dhatêng Panji Rawisrêngga. Kulup Panji Rawisrêngga, bokmanawa Si Sêkartaji pancèn dudu jodhomu, ing samêngko saka karsaningsun, yèn sira rujuk, sira ingsun pundhut mantu dhewe, ingsun dhaupake lawan arimu Si Surèngrana. Aturipun Radèn Panji sandika, amung andhèrèk punapa ingkang dados kêparêngipun ingkang paman. Enggalipun lajêng kadhaupakên kalihan rêringkêsan, botên mawi ngaturi uninga dhatêng Jênggala, [Jêng...]

--- 49 ---

[...gala,] tuwin dhatêng para sadhèrèk, pangantèn sakalihan sampun atut runtut tanpa sangsaya.

Ing antawis lami, Rêsi Kilisuci rawuh têtuwi dhatêng ing Jênggala. Ingkang rayi prabu ing Jênggala matur bab mirudanipun ingkang putra kakintên dhatêng ing Ngurawan.

Dhawuhipun Dèwi Kilisuci, yèn mangkono aku arêp mênyang Ngurawan, anyatakake kahanane Si Panji. Sang prabu amung nyumanggakakên. Dèwi Kilisuci lajêng dhatêng Ngurawan, sarawuhipun ing Ngurawan, kapanggih ingkang rayi sang prabu ing Ngurawan, sampun satata lênggah wontên ing kadhaton. Dèwi Kilisuci ngandika, yayi prabu, têkaku ing kene anglari putranira Si Panji Rawisrêngga, lan Sastramiruda, apa ana ing kene.

Aturipun ingkang rayi, inggih saèstu wontên ngriki.

Wis pirang sasi.

Sampun ganggsal pêncorong punika.

Apa yayi prabu wus ngaturi uninga marang kakangira nata ing Jênggala, utawa Kadhiri.

Dèrèng.

Sabab apa jênêng para katêkan Si Panji ora cêcala marang kang ayêyoga.

Mila kula botên ngaturi uninga dhatêng kakang prabu ing Jênggala, [Jêngga...]

--- 50 ---

[...la,] tuwin ing Kadhiri, sabab pun Panji kula dangu, aturipun mila kesah, jalaran kadhawuhan tundhung dhumatêng kakang prabu. Prakawis dipun dhaupakên kalihan pun Sêkartaji, pun Panji mopo botên purun. Mila saupami kula ngaturana uninga, bokmanawi malah dados duka. Saking pamanggih kula pun Panji kajêngipun lêrêm manahipun rumiyin, mêsakakên manahipun sawêg bingung. Ing wingking kula masthi ngaturi uninga kakang prabu. Kalihdene malih, pun Panji wontên ing Jênggala, wontên Ngurawan, Kadhiri, Panaraga, sami kemawon botên wontên bedanipun. Malah sapunika pun Panji sêpuh sampun kula pêndhêt mantu, kula dhaupakên kalihan putra sampeyan pun Surèngrana. Saking pamanah kula, sarèhning pun Panji sande dados mantunipun kakang Prabu Kadhiri, eman-eman manawi kamantu tiyang sanès, mila sarêng kula tantun purun, inggih lajêng kula panggihakên kemawon, rampung sêkul salèmpèr, botên ngaturi uninga para sadhèrèk, ngaturana uninga môngsa kaparênga rawuh botên.

Dèwi Kilisuci mèsêm ing galih lajêng angandika. Yayi prabu, rekamu iku têka ana bênêre, nanging kabênêrên, pancène mono, dadi ya kêpriye-kêpriye, iya kudu pêpoyan marang kang duwe anak, dadi wêruh amis bacine.

--- 51 ---

Sang prabu, inggih sampun kakang bok kula lêpat, nyuwun pangaksama. Nanging sanadyan pamrih, manawi sae rak inggih prayogi ta.

Rêsi Kilisuci. Iya uwis, sarèhning Si Panji kotêmu kuwuk, bocahe wus narima, baya uwis dadi panduming jawata, ora liwat padha karia slamêt, aku mulih marang Kapucangan, Dèwi Kilisuci lajêng kondur.

Ing nalika punika misuwur satanah Jawi, malah dumugi sabrang, bilih Sang Prabu Jênggala anggènipun badhe bêbesanan kalihan ingkang rayi, nata ing Kadhiri sande. Mila lajêng kathah para ratu môncanagari sami nglamar dhatêng Kadhiri, nanging namung sinanggi ing krama, dèrèng wontên ingkang dipun tampèni, awit dèrèng wontên ingkang dados condhonging galih.

Kacariyos, ing talatah Indhu wontên raja binathara, ajêjuluk Prabu Klana Sêwandana, bidhal saking prajanipun bêkta prajurit satus kapal, dhatêng ing Kadhiri nglamar Dèwi Sêkartaji. Ing nalika punika, bênawi ing Kadhiri agêng, kenging dipun ambah ing baita kapal, mênawi katimbang kalihan sapunika, ical ingkang kawan pra gangsal, kantun sapara gangsalipun.

Ki Dêrmakôndha pitakèn. Sababipun punapa têka bangawan Kadhiri wiyaripun kantun sapara gangsal.

--- 52 ---

Pak Sondong. Sababipun tanah Jawi punika kathah rêdi ingkang mêdal latunipun, kêrêp murub sarta jêblos mêdal ladhunipun, tuwin walahar saha jawah awu utawi wêdhi, môngka kêrêp, dados dangu-dangu kathah sumbêr utawi tuk ingkang katutupan, satêmah udaling tuk alit, toyanipun kirang kathah, andadosakên aliting lèpèn-lèpèn, ladhu pasir kiwa têngêning lèpèn lajêng atos dados siti. Punapadene wana-wana rêdi-rêdi ingkang kathah kayonipun agêng, sampun kathah ingkang dipun têgori, kababat dados dhusun sabin utawi patêgilan, punika inggih andadosakên sabab anjalari aliting lèpèn, awit kêkajêngan agêng punika ugi gadhah daya angêdalakên tuk utawi jawah.

Ingkang kaping tiga têtiyang Jawi sapunika sampun sami malik pangidhêpipun, sami ngangge agama Mêkah, dados lajêng katularan hawanipun siti tumut bêntèr, tuwin kirang jawah. Tumusing siti asrêp kala jaman rumiyin, tiyangipun sami ayêm-ayêm, sapunika tiyangipun sami grahuyang anggarangsang.

Dêrmakôndha. Kyai sampeyan dumugèkakên cariyosipun Prabu Klana Sewandana, sarêng dumugi nagari Kadhiri ngriki, lajêng kados pundi.

Pak Sondong. Sarêng Sang Prabu Klana Sewandana sampun masanggrahan, inggih lajêng ngaturi uninga ing Sang Prabu Kadhiri, bilih [bi...]

--- 53 ---

[...lih] sowanipun parlu anglamar putri nata Dèwi Sêkartaji.

Dhawuhipun Sang Prabu Kadhiri, Prabu Klana Sewandana kapapanakên masanggrahan wontên ing sawetan lèpèn, salèr dalêmipun Radèn Gunungsari. Sarta sang prabu dhawuh, wadyabalanipun Prabu Klana botên kaparêng nyabrang dhatêng sakilèn lèpèn, awit tiyang kitha Kadhiri sami ajrih dhatêng wadyanipun Prabu Klana, sabab warninipun angajrih-ajrihi, kulitipun cêmêng sêmu biru, untunipun pêthak. Mênawi wontên ingkang nglanggar dipun patrapi.

Punapadene têtiyang Indhu wau wontên ing Kadhiri dipun wastani bôngsa Jong, mila pasanggrahanipun karan pasanggrahan Jongbiru. Saking bôngsa Jong: kulitipun biru. Sapunika sampun dados dhusun, inggih dipun namèkakên dhusun Jongbiru.

Antawis dintên, Prabu Klana Sewandana dipun timbali dhatêng karaton, sarêng sang prabu amirsani wujudipun, Prabu Klana, ing galih sangêt gawokipun, bumi langit kalihan warninipun ingkang putra Dèwi Sêkartaji. Saupami kadhaupakên saèstu badhe botên prayogi kadadosanipun. Nanging sang prabu ing Kadhiri ajrih anampik, sabab Sang Prabu Klana Sêwandana, kaloka sakti môndraguna, abôndha-bandhu sudirèng laga. Mila lajêng kasanggi ing krama, kapurih [ka...]

--- 54 ---

[...purih] masanggrahan rumiyin, sangadi badhe karêmbag rumiyin kalihan para nayakaning praja. Sang Prabu Klana botên sawala, lajêng kondur masanggrahan, wontên ing panggenan kados ingkang sampun kadhawuhakên, sarêng sampun sawatawis dintên, Sang Prabu Klana lajêng yasa guwa kangge panêpèn. Wontên ing rêdi Klothok, sela agêng dipun êsong, lajêng dipun ukir-ukir dipun dèkèki rêca kangge pamujan, majêng mangetan manglung ing margi ingkang saking dhepok Kôndhairèn, sarêng sampun dados dipun namakakên guwa Selamanglung, lajêng karan guwa Selamanglèng.

Kacariyos sang prabu ing Kadhiri, sadangonipunsadangunipun. nampèni panglamaripun Prabu Klana Sewandana, saklangkung èmêng ing galih, awit saupami dipun tampik amêsthi lajêng gêcak ing Kadhiri, sintên ingkang sagêd nanggulangi. Saupami dipun tampèni mêsakakên ingkang putra sang putri, awit sangêt botên timbang. Saking ribênging panggalih sang prabu lajêng mangsah sêmèdi, anêgês karsaning dewa ingkang linangkung, botên watawis dangu katarimah pamêsunipun, angsal wangsiting jawata, kadhawuhan masang sarana, kapurih damêl kukusan panjang, kakêthok sapalih, dados dhapur kukus bolong, kapurih anggantung wontên ing têngahing bênawi, ing ngandhap kacêmplungakên toya sakêdhik. Lajêng kadhawuhan damêl sayêmbara, kabyawarakakên [kabyawa...]

--- 55 ---

[...rakakên] ing kathah, sintên ingkang sagêd angisèni bôndha rajabrana ing kukusan ngantos kêbak, kadhaupakên kalihan Dèwi Sêkartaji, botên mawang sok tiyanga, sanadyan wong pidak padarakan, kere cekelan bale, anggêr sagêd andhatêngi sayêmbara nata, inggih punika ingkang jatukrama kalihan sêkaring pura.

Sang prabu lajêng luwar saking pamujan, sarta lajêng angèstokakên sawasitaning wangsit, enggaling cariyos sang prabu ing Kadhiri sampun amasang sayêmbara, tuwin sampun andhawuhakên bayawara waradin.

Kalampahan sayêmbara nata, kathah para satriya, tuwin para sudagar sugih sami andhatêngi sayêmbara, kêbak wontên satêpining bênawi, nanging sami wêgah, dening sayêmbara prabu sakalangkung awrat.

Sang Prabu Klana ugi amirsani, saking adrênging galih sêlak badhe mondhong Dèwi Sêkartaji, lajêng dhawuh angusung rajabrananipun ingkang saking sabrang, ngantos pintên-pintên gotongan, katumpuk wontên satêpining bênawi, lajêng kaisèkakên ing kukusan, nanging botên sagêd kêbak, sabab bôndha larut kèntir mangandhap. Amila dumugi sapunika, kathah tiyang ingkang manggih êmas intên wontên ing bênawi Kadhiri, awit saking rajabrananipun Sang Prabu Klana kasuntak wontên [wo...]

--- 56 ---

[...ntên] ing ngriku. Utawi mênawi wontên baya dumugi ing bêngawan Kadhiri, inggih lajêng ngambang, botên purun silêm sabab ajrih rajabrana ingkang wontên dhasaring bênawi.

Ing nalika samantên, rajabrananipun Prabu Klana ngantos têlas, mêksa botên sagêd ngêbaki kukusan, awit kukusan bolong dipun isèni, mêsthi botên sagêd kêbak, bandhanipun têrus larut mangandhap.

Ing ngriku Prabu Klana Sewandana rumaos manawi dipun paeka, sarta dipun tampik panglamaripun, lajêng duka amêpak wadyabala, badhe angrêmêt nagari Kadhiri, angrêbat Dèwi Sêkartaji.

Sang prabu ing Kadhiri, sarêng midhangêt bilih Prabu Klana Sewandana sampun pacak baris, badhe soroh amuk ngrêbat Dèwi Sêkartaji, lajêng gugup, ngaturi uninga ingkang raka sang prabu ing Jênggala, tuwin paring pirsa dhatêng ingkang rayi Prabu Ngurawan, Panaraga, nyuwun bantu prajurit. Sarta dhawuh dhatêng Patih Dipawacana, kinèn sawega ing jurit, saha sampun ajêng-ajêngan.

Sang prabu ing Kadhiri maras ing galih, awit prajurit Indhu langkung sakêthi, prajurit Kadhiri sampun kêrik amung gangsal èwu, dados rumaos karoban tanding, mênawi botên angsal pitulunging dewa, kitha Kadhiri amêsthi rêmuk dados karang abang.

--- 57 ---

Sang prabu lajêng minggah ing sanggar palanggatan manêgês karsa.

Botên antawis dangu, Rêsi Kanekaputra rawuh aparing wasita makatên: He, Sang Prabu Kadhiri aja uwas atinira, dumèh karoban tandhing, ana sarate murih unggul ing yuda, sira utusana ngupaya watu marang alas Baladewa sakuloning gunung Kêlut, miliha kang gêdhe gawenên lumpang kênthèng, yèn wus dadi banjur amèka lêmah marang gunung Punjul, lan lêmah ing desa Sêmèn, lan golèka godhong gamêt marang desa Sugihwaras, lan amèka babakan kayu sakalakoswa wêton ngalas kurung, kabèh iku dhêplokên dadi siji ana ing lumpang kênthèng mau, banyonana banyu Sumbêrurip, iku gawenên sarana, êndi prajuritira kang nandhang tatu, banjur bobokana lawêtan mau, amasthi waluya padha sanalika, kêna koadu manèh. Ngiras ngêntèni têkaning prajurit banton saka sadulur-sadulurira. Lan prajuritira aranana prajurit nirbaya. Wis nuli lakonana, ingsun jurung puja môntra. Sang Hyang Narada lajêng muksa.

Sapêngkêripun Rêsi Kanekaputra, sang prabu luwar saking pahoman, lajêng dhawuh ngupados sarat kados wasitanipun Sang Hyang Narada, botên dangu angsal sadaya sarta sampun dipun lawêt wontên ing lumpang gênthèng.kênthèng. Sadaya prajurit ingkang nandhang tatu sami kausadanan, sakala wahuyawaluya. jati, lajêng mangsah

--- 58 ---

malih nir baya nir wikara, prajurit Indhu miris manahipun, dening sumêrêp prajurit Kadhiri prasasat botên kenging pêjah. Pêrangipun ngantos sawulan dèrèng wontên ingkang kasêsêr.

Nêdhêngi campuhing ayuda, prajurit banton saking Jênggala, saking Ngurawan, tuwin saking Panaraga dhatêng, Radèn Panji Kuda Rawisrêngga, dados senapatining prajurit Ngurawan, lajêng narambul prang, sakalangkung rame, dangu-dangu wadyabala Indhu karoban lawan, kathah ingkang pêjah. Sang Prabu Klana ajêng-ajêngan kalihan Radèn Kuda Rawisrêngga, lajêng prang tandhing. Sang Kalana kalindhih, lajêng morot lumajêng sawadyabalanipun ingkang kantun, lajêng sami numpak baita, dipun usir dhatêng prajurit ing Kadhiri, dumugi bênawi baitanipun dèrèng sagêd lumampah, dipun drèl saking dharatan dipun karutug sela dening prajurit Kadhiri, baitanipun ngantos kêlêm, Prabu Klana sawadyabalanipun pêjah têtumpêsan. Prajurit ing Kadhiri lajêng wangsul, Patih Dipawacana matur ing sang prabu, bilih Prabu Klana Sewandana pêjah tumpês saprajuritipun, prabu ing Kadhiri sakalangkung trusthaning galih. Patih Dipawacana matur malih ing sang prabu, bilih Radèn Malayakusuma botên tumut ngungsi Prabu Kalana, amung mêmpên nungku sêliripun wontên ing dhusun Ngêpung sakidul nagari.

Sang prabu sakalangkung duka, ingkang putra Radèn Malayakusuma

--- 59 ---

dipun timbali, sarta dipun dukani kathah-kathah, kang putra rumaos lêpat, nyuwun pangapuntên.

Sarêng sampun têntrêm para prajurit banton sami nyuwun pamit mantuk dhatêng nagarinipun. Sang prabu marêngakên, sarta paring suka panarima.

Sabibaripun prang Kadhiri Dèwi Kilisuci botên kasamaran ingkang dados sêngkêling galihipun nata ing Kadhiri, dening putranipun Dèwi Sêkartaji dèrèng angsal jodho sarta anggalih mênawi Dèwi Sêkartaji dèrèng palakrama, amasthi badhe anjalari dados prang agêng. Dèwi Kilisuci lajêng rawuh dhatêng Jênggala, andhawuhakên ingkang dados raosing galih wau. Dhatêng ingkang rayi sinuhun ing Jênggala.

Sinuhun ing Jênggala amung pasrah dhatêng ingkang bok ayu, kados pundi tarekahipun amurih sandening prang agêng.

Dèwi Kilisuci ngandika, wurunge prang gêdhe saranane kudu Si Panji dipêksa didhaupake karo Sêkartaji, yèn wis dhaup tamtu anjalari têntrêming nagara.

Sang Prabu Jênggala matur. Putra sampeyan pun Panji sampun kapêndhêt mantu yayi Prabu Ngurawan, kadhaupakên kalihan anakipun pambajêng nama Surèngrana. Kula ajrih nantun, manawi nyidrani kados ingkang sampun mindhak anglêlingsêmi malih.

Dèwi Kilisuci. Aku wis wêruh yèn Si Panji wis rabi, dhaup [dha...]

--- 60 ---

[...up] karo Surèngrana, iku gampang bae masalahe wus anèng aku.

Sang prabu, kula amung nyumanggakakên kakang mbok, panantunipun dhatêng pun Panji tuwin dhatêng mara sêpuhipun.

Dèwi Kilisuci lajêng pamit dhatêng ingkang rayi sang prabu badhe rawuh dhatêng Ngurawan.

Sang prabu anyumanggakakên.

Dèwi Kilisuci mangkat, sarawuhipun ing Ngurawan anjujug ing kadhaton, sampun satata lênggah kalihan ingkang rayi nata ing Ngurawan, Panji ngadhêp ing ngarsa. Sasampuning bage-binage, Dèwi Kilisuci ngandika dhatêng ingkang rayi, amêdhar wigatining karsa kados ingkang kacariyos ing ngajêng.

Ingkang rayi nata ing Ngurawan matur. Prakawis punika, wontên ingkang badhe nglampahi, sumôngga kadhawuhana piyambak, mapan wontên tiyangipun.

Dèwi Kilisuci lajêng ngandika dhatêng Radèn Panji. Kulup Panji, saka karêpku kowe rabia manèh, entuk pacanganmu lawas Si Sêkartaji, aku kang ngrêmbugake karo pamanmu yayi Prabu Kadhiri. Sanadyan kowe wus duwe bojo mêsthi awèhe, yèn saka karêpku.

Panji. Inggih nyumanggakakên, kula amung sadarmi nglampahi, janji kangjêng paman sampun marêngakên, kula amung andhèrèk [andhè...]

--- 61 ---

[...rèk] sakaparêngipun uwa rêsi. Nanging taksih wontên wagêlipun malih, yayi dèwi dèrèng katantun, purun dipun wayuh punapa botên.

Dèwi Surèngrana nyambêti, kula makatên angsal kemawon, janji sarirane karsa nglampahi, malah mayar, sae-saenipun dipun ladosi piyambak, sae dipun ladosi tiyang tiga sakawan.

Radèn Panji. Têmênan yayi.

Surèngrana. Yêktos.

Radèn Panji. Uwa, punika yayi dèwi sampun angsal.

Kilisuci. Gèr, Surèngrana kowe manuta pratikêling wong tuwa, aja sawala atimu, bêcik êndi dadi hara-huru karo ora, tênèh bêcik ora, dadi slamêt sakabèhe. Yayi prabu, sarèhning wus padha sarujuk apa kang dadi rêmbugku, ing mêngko sira gawea layang marang kakangmu yayi nata Kadhiri, surasane mangkene: Si Sêkartaji suwunên, kopèk mantu dhewe, ajodhoa karo Si Panji Kuda Rawisrêngga, pacangane awas,lawas. mulane mangkono amarga kakangamu prabu ing Jênggala wus mutung karo Si Panji, dadi sira kang ngangkat, dadi sira katon bêcik marang kakangmu nata ing Kadhiri. Mula ora susah mêtu saka aku utawa saka kakangmu nata ing Jênggala. Dene aku ora mulih marang ing

--- 62 ---

Kapucangan, ngêntèni rampunge prakara iki.

Sang Prabu Ngurawan lajêng damêl nawala kados dhawuhipun ingkang raka Dèwi Kilisuci, sarêng sampun rampung lajêng nimbali mantri kêkalih, nama pun Cangcung, lan pun Cêlbung, kadhawuhan nyaosakên nawala wau dhatêng Kadhiri, Cangcung Cêlbung sampun bidhal dhatêng Kadhiri, sadumugining Kadhiri, nawala lajêng katur ing sang prabu, sampun kawaos, sigra kaparingakên dhatêng ingkang putra Radèn Malayakusuma, sarta kapundhutan pamanggih. Radèn Malayakusuma lajêng dangu dhatêng utusan mantri Cangcung Cêlbung. Kakang Panji Kuda Rawisrêngga, lan kakang Sastramiruda, apa ana ing Ngurawan. Utusan matur: wontên. Wis pirang sasi. Sampun nêm côndra lumampah punika. Apa wis krama. Sampun. Olèh sapa. Angsal rayi sampeyan Dèwi Surèngrana.

Radèn Wukirkusuma lajêng matur ing sang prabu. Mênawi saking pamanggih kula, panyuwunipun paman Prabu Ngurawan punika botên pantês dipun turuti, awit kakang Kuda Rawisrêngga kamantu piyambak, dados kakang bok Sêkartaji nama kawayuh kalihan sadhèrèk, punika botên prayogi.

Sang prabu. Kulup Malayakusuma, bab anggone bok ayumu diwayuh, iku ora dadi ngapa, awit wis jamake satriya gêdhe tur calon ratu binathara, iku sugih garwa, malah dadi kautamane. Lawan manèh satêmêne wus atas [a...]

--- 63 ---

[...tas] karsaning dewa, yèn bok ayumu Sêkartaji jinodho lawan kakangmu Kuda Rawisêngga. Mulane sanadyan dimaru satus, ing têmbe kang pinasthi dadi wadhahing wiji kang murni lan minulya, iku kakangira Si Sêkartaji, sira aja sumêlang. Dadi ing samêngko saka panuwune pamanira yayi prabu ing Ngurawan ingsun parêngake.

Gunungsari matur. Mênawi makatên kula inggih dhèrèk sakarsanipun kangjêng dewadi. Ananging kakang bok Onêngan kula suwun dadosa jodho kula kangge jampi lingsêm.

Sang prabu. Prakara karêpmu iku gampang, kakang Prabu Jênggala mêsthi parênge. Samêngko gawea layang wangsulan yèn ingsun wus marêngake kaya kang kasêbut layange pamanira. Botên dangu nawala sampun rampung konjuk sang prabu. Sang prabu dhawuh. Kulup Wukirkusuma, ing mêngko sira dhewe manira utus maringake layang iki marang pamanira yayi Prabu Ngurawan. Radèn Gunungsari aturipun sandika lajêng bidhal sarêng utusan Ngurawan, Radèn Gunungsari bêkta punakawan gangsal, satunggal nama: Ki Tisnapati, 2. Wiranala, 3. Singaburêng, 4. Tirtayuda, 5. Sêcareka. Sadhatêngipun ing Ngurawan lajêng sowan ing sang prabu, nawala kaunjukakên, sampun kawaos, sang prabu sakalangkung sukaning galih. Sang prabu lajêng ngandika dhatêng Radèn Gunungsari, bilih Radèn Gunungsari kaêndhêg [kaêndhê...]

--- 64 ---

[...g] botên parêng wangsul dhatêng Kadhiri, wangsulipun benjing kemawon sarêng pangaraking pangantèn, Radèn Gunungsari ngandika andhèrèk sakaparêngipun ingkang paman.

Sang prabu lajêng utusan nyaosi sêrat malih dhumatêng Kadhiri, suraos nyuwun dhawuh benjing punapa anggènipun nyowanakên pangantèn jalêr. Caraka sampun bidhal dhatêng ing Kadhiri.

Radèn Gunungsari lajêng kadhawuhan lêrêp wontên kapatihan. Sontênipun Radèn Gunungsari tuwin para putra sadaya, kakung putri sami katimbalan bujana wontên ing nglêbêt kadhaton. Radèn Panji sêpuh anèm, Radèn Sinjanglaga, Radèn Malayakusuma sampun sumiwi sadaya, lajêng kêmbul bujana ôndrawina. Sabibaring bujana lajêng sarimpèn tuwin badhayan. Ingkang dados pangajênging sarimpi putra panênggak Dèwi Kumudaningrat. Radèn Malayakusuma, inggih Radèn Gunungsari, sarêng pirsa warninipun Dèwi Kumudaningrat, sakalangkung brantaning driya, pangunadikaning galih: E la, yayi Kumuda, jêbul ayu têmênan, ngungkuli kakang bok Dèwi Onêngan, idhêpa yèn ayu yayi Kumudaningrat, aku ora nyuwun kakang bok Onêngan. Sasolahbawanipun Dèwi Kumuda tansah tinut ing tingal. Ananging Dèwi Kumudaningrat, katingal tansah anawat liring dhatêng ingkang raka Radèn Panji Sastramiruda. Radèn Wukirkusuma rumaos botên kasamèn karsa [kar...]

--- 65 ---

[...sa] dhatêng ingkang rayi Kumudaningrat, mila tansah barubah ing galih, rongèh pasilanipun.

Sang prabu waspada ing tingal bilih Radèn Gunungsari kasmaran dhatêng Dèwi Kumudaningrat, sarimpèn lajêng kabibarakên. Radèn Gunungsari masanggrahan dhatêng kapatihan. Sabên sontên katimbalan malêbêt mirsani badhayan.

Kacariyos, Radèn Panji Sastramiruda kalampahan astra lungiyan kalihan Dèwi Kumudaningrat.

Ing wanci dalu Radèn Panji Sastramiruda pinuju pêpanggihan kalihan Dèwi Kumudaningrat, wontên ing pasarean, Radèn Gunungsari dhatêng badhe nyidra rêsmi, lajêng pôncakara kalihan Panji Sastramiruda. Radèn Gunungsari kasuduk kenging pupunipun tatu lajêng lumajêng dhatêng kapatihan, kapanggih kalihan abdinipun gangsal, Tisnapati, Wiranala, Singaburêng, Tirtayuda, Sêcareka, Radèn Malayakusuma paring sumêrêp yèn manggih tiwas, pôncakara kalihan Panji Sastramiruda, nandhang kanin pupunipun kiwa, prakawis rêbatan putri.

Aturipun abdi gangsal, gusti: punika prakawis agêng, panjênêngan tamu, wusana purun-purun malêbêt dhatêng kaputrèn badhe nyidra rêsmi, mênawi kêmirêngan rama paduka sang prabu, amêsthi botên prayogi ingkang pinanggih. Sayoginipun sami lolos kemawon kondur dhatêng ing Kadhiri.

--- 66 ---

Radèn Malayakusuma. Mungguh rêmbugmu iku bênêr kabèh, ayo budhal saiki bae. Jarane dandanana. Labêtipun lajêng kabalêbêt ing cinde. Sarêng sampun rumantos nulya bidhal.

Kacariyos, lampahipun Radèn Malayakusuma, saabdinipun sampun tigang dintên tigang dalu, wanci têngah dalu dumugi satêngahing wana agêng, wah masa pêtêngan lêbêt sarta jawah riwis-riwis, Radèn Gunungsari sangêt susah ing galih, tansah ngadhuh anêtah sarira, tatunipun sangsaya karaos sakit, tuwin karaos luwe sangêt. Lajêng ngandika ngajak rèrèh ing pinggir margi, dèrèng kèndêl anggènipun ngandika sarwi lumampah, ing ngajêng pinggir margi katingal wontên dilah mêlik-mêlik, dilah wontên salêbêting griya atêp gêdhègipun pating sarowang. Sarêng cêlak padhêkahan, griyanipun amung satunggal botên wontên tangganipun. Radèn Malayakusuma saabdinipun lajêng sami kèndêl wontên ing ngriku, ingkang gadhah griya lajêng dipun gugah dening abdi, botên dangu tangi, dipun sajari bilih ingkang rawuh punika Radèn Malayakusuma putra ing Kadhiri. Ingkang gadhah griya mangêrtos manawi gustinipun lajêng dharakalan mêdal ngadhêp makidhupuh. Kadangu namanipun, ngakên nama Pak Sogol.

Radèn Gunungsari ngandika, mundhut lêrêp ing griyanipun sakêdhap, [sa...]

--- 67 ---

[...kêdhap,] ngasokakên kapal, tuwin prasaja mênawi kêluwèn, mênawi taksih gadhah sêkul kapundhut kagêm jampi lêsu.

Aturipun ingkang gadhah griya, sêkulipun sampun têlas, mênawi kaparêng ngêntosi badhe dipun liwêtakên rumiyin, sarta dipun aturi malêbêt ing griya.

Radèn Gunungsari kaparêng. Kapalipun lajêng sami dipun cancangi, Radèn Gunungsari saabdinipun lajêng malêbêt ing griya, Radèn Gunungsari lajêng sarean ing salu, abdi gangsal sami totor wontên ing jogan, ingkang gadhah griya jalêr èstri sami wontên pawon angratêngi sêkul. Botên antawis dangu sêkul lajêng kaladosakên, ulamipun amung tigan kamal satunggal kalihan sambêl tanpa traos. Radèn Gunungsari lajêng dhahar sakêdhik sampun karaos tuwuk, lajêng kalorodakên dhatêng abdi gangsal, sami nêdha kalihan gêgujêngan rêbatan sambêl, sêkul saliwêtan pêdhot sami kraos tuwuk sadaya.

Sasampunipun Radèn Gunungsari lajêng ngandika dhatêng Pak Sogol. Pak Sogol, mungguh sugatamu marang aku katarima bangêt, ing têmbe yèn ingsun wus têkan ing praja, ingsun bakal malês marang sira sakuwasaningsun.

Pak Sogol. Dhuh gusti sasêgah botên misra, kula ingkang nyuwun gunging pangapuntên, dene ingkang abdi kamipurun [kami...]

--- 68 ---

[...purun] saos dhahar ingkang botên murwat sangêt.

Radèn Gunungsari. Aja sira analôngsa, awit wus sun anggêp nugrahaning dewa. Amung ing mêngko ingsun gawe pêpèngêt, dhukuhira iki ingsun arani ing dhukuh Kamal, lan sira ingsun êlih namanira, arana Ki Sugata. Minôngka pangeling-eling, sugatanira marang ingsun, sêga liwêtan lan êndhog kamal, andadèkake pamarêm ingsun lan abdiningsun lêlima.

Pak Sogol matur sandika badhe angèstokakên.

Ki Singaburêng matur dhatêng Radèn Gunungsari. Gusti, mênawi saking pamanggih kula, paduka botên prayogi mênawi kondur dhatêng Kadhiri, amargi mênawi rama paduka nata, amirsani gêrah paduka: nandhang kanin saking curiga, mênawi kadangu kados pundi atur paduka. Mênawi prasaja, amêsthi andadosakên bênduning rama paduka. Sansaya mênawi katungka sêrat saking Ngurawan, paduka kaaturakên ing rama paduka, wontên ing Ngurawan sangêt amurang tata, rama paduka ing galih tamtu rumaos kalingsêman agêng, sisip sêmbiripun, paduka dipun lunasi.

Radèn Gunungsari, sarêng mirêngakên aturipun Singaburêng, lajêng anglênggêr tigang pandurat botên ngandika. Wusana alon manabda. Singaburêng, dak rasak-rasakake, aturira iku

--- 69 ---

bênêr kabèh, sarambut ora ana kang luput. Ing samêngko kapriye rêmbugira ingkang kêpenak ingsun lakoni.

Singaburêng. Mênawi paduka andhahar atur kula, suwawi sami singidan wontên ing rêdi Wilis kemawon rumiyin, angupados jampi mundhut pitulunganipun ajar-ajar ing rêdi, kalihan angisêp-isêp pawartos, bab murca paduka, kados pundi rêmbagipun rama paduka ing Ngurawan wau miwah Kadhiri.

Radèn Malayakusuma sarêng mirêng aturipun Singaburêng, sangêt karênaning galih, lajêng angandika. Paman Singaburêng, ingsun wus ora bisa pisan-pisan amaoni panêmunira, cêkake ingsun mung manut apa kang dadi pratikêlira, ayo mangkat marang gunung Wilis saiki. Ki Sugata sampun dipun wisik saparlunipun, lajêng sami bidhal. Sadumuginipun ing rêdi Wilis, Radèn Gunungsari aningali pratapan, lajêng dipun parpêki, pitakèn dhatêng cantrik sintên ingkang martapa wontên ing ngriki, winangsultanwinangsulan. ingkang martapa nama Rêsi Curiganata, (inggih punika Radèn Nilaprabôngsa ingkang mêjahi dèwi Angrèni), Radèn Gunungsari lajêng sowan ing sang wiku, sampun satata lênggah, kalih-kalihipun sami katambêtan bilih sadhèrèk nak sanak, sang tapa atur pambage. Radèn Gunungsari amrasajakakên nama tuwin pinangkanipun, punapadene amratelakakên purwanipun anandhang tatu, mila

--- 70 ---

sowanipun dhatêng sang rêsi, kajawi nyuwun usada, dhapur badhe ngungsi gêsang.

Sang wiku sarêng mirêng sajaripun Radèn Gunungsari, lajêng angrangkul sarta ngandika. Dhuh yayi ariningsun, kalinganea, sajatine ingsun iki kakangira, iya ingsun Nilaprabôngsa, putra Jênggala kang tuwa dhewe, Radèn Nilaprabôngsa ugi lajêng amalèhakên lêlampahanipun, purwa madya wusana, ngantos dumugi anggènipun martapa wontên ing rêdi Wilis, sampun tinutur sadaya. Radèn Gunungsari lajêng sumungkêm ing pangkonipun sarwi lara karuna, ingkang raka ugi anênggak waspa.

Wasi Curiganata alon angandika, wis yayi aja akèh kang rinasa, samêngko rêrêparêrêma. ing kene dhingin lawan atêtômba, ingsun kang ngusadani, yèn wus waras muliha marang Kadhiri, ambarêngana têmuning pangantèn, kaya-kaya mungguh kaluputanira wus ora dadi ngapa, paman aji sakalihan têmtu paring pangaksama. Radèn Gunungsari andhèrèk sadhawuhipun ingkang raka lajêng kèndêl wontên ing ngriku.

Kocapa nagari ing Ngurawan, sapêngkêripun Radèn Gunungsari, Patih Ngurawan sampun ngaturi uninga ing sang prabu, bilih Radèn Gunungsari miruda ing dalu, prakawisipun pôncakara kalihan Radèn Panji Sastramiruda wontên salêbêting pura. Nanging lajêng kasidhêm botên kapanjangakên. Sabab parlu anggalih [angga...]

--- 71 ---

[...lih] anggènipun badhe mêmanton, kantun ngêntosi wangsulan sêrat saking ingkang raka nata ing Kadhiri. Dupi sampun angsal wangsulan saking ing Kadhiri ingkang anamtokakên panyantrining pangantèn kakung, nata ing Ngurawan lajêng nyaosi sêrat dhumatêng ingkang raka sang prabu ing Jênggala, kaaturan rawuh ing Ngurawan. Nanging sang prabu ing Jênggala botên karsa rawuh, amung paring pangèstu kemawon. Pangantèn kaparingan nama Radèn Panji Klana Jayakusuma, inggih Panji Asmarabangun. Têgêsipun ambangun pacangan lami. Punapadene paring wadyabala dhatêng Ngurawan supados andhèrèk ngarak dhatêng ing Kadhiri. Sarêng sampun dumugi ing dintên ubaya, pangantèn kakung lajêng kaarak dhatêng ing Kadhiri, botên kacariyos rêrêngganing margi, pangantèn sampun dumugi ing Kadhiri. Enggaling cariyos, pangantèn sampun kapanggihakên langkung agêng bawahanipun.

Sabibaring pamiwaha, Dèwi Kilisuci kaaturan lêrêm wontên ing Kadhiri, lajêng adhêdhepok wontên ing guwa Selamanglèng, inggih ing Kôndhairèn.

Taman Bagendha yasanipun Prabu Aji Jayabaya kabangun malih, kangge lêlangên sang pinangantèn.

Radèn Panji Sastramiruda tuwin Dèwi Surèngrana, ugi andhèrèk wontên ing Kadhiri.

--- 72 ---

Radèn Gunungsari lêstantun dhaup kalihan Dèwi Onêngan, sadaya sami wontên ing Kadhiri, sami atut runtut tanpa sangsaya.

Kala samantên Radèn Gunungsari, sarêng sampun rumaos wilujêng sarta manggih kasênêngan, èngêt dhatêng labuh labêtipun abdi gangsal, Tisnapati, Wiranala, Singaburêng, Tirtayuda, tuwin Sêcareka, lajêng sami kaganjar dhusun. Katêlah dumugi samangke wontên dhusun nama: Tisnapatèn, Wiranalan, Burêngan, Tirtayudan, tuwin Sêcarekan.

Kocapa Dèwi Surèngrana sarêng kawayuh kalihan Dèwi Côndrakirana, inggih Dèwi Sêkartaji, manahipun kirang rêna, awit manawi ingkang raka anggiliri sariranipun, Dèwi Sêkartaji duka, ingkang raka dipun uman-uman, sarta Dèwi Sêkartaji kêrêp purik sowan ingkang uwa dhatêng guwa Selamanglèng.

Botên antawis lami, Radèn Panji Kalana Jayakusuma, dipun timbali ingkang rama sinuhun ing Jênggala, lajêng kajumênêngakên nata wontên ing Jênggala, Prabu Lêmbu Amiluhur lajêng muksa.

Ki DarmakôndhaKi Dêrmakôndha, (dan di tempat lain). pitakèn dhatêng Pak Sondong. Karaton ing Jênggala punika umuripun pintên taun, sarta pintên panjênêngan nata.

Pak Sondong. Laminipun satus taun, kawan panjênêngan. [panjê...]

--- 73 ---

[...nêngan.] 1. Prabu Lêmbu Amiluhur, 2. Panji Kuda Rawisrêngga, 3. Kuda Laleyan, 4. Prabu Banjaransari. Sarta sadaya wau sami ajêjuluk Prabu Dewa Kusuma. Karaton ing Jênggala sirna, pindhah dhatêng Galuh.

Mangsuli cariyos kula ing ngajêng. Nalika Prabu Panji Kuda Rawisrêngga jumênêng wontên ing Jênggala, samuksanipun para paman, nata ing Kadhiri, Ngurawan, Panaraga, para pangeran patinipun amung kadadosakên adipati sadaya.

Kala samantên, adipati ing Kadhiri Radèn Malaya Kusuma, inggih Radèn Gunungsari, runtik galihipun, lajêng ambalela, badhe jumênêng nata piyambak, dèrèng ngantos kalampahan, kêmirêngan saking Jênggala, lajêng dipun lurugi, Radèn Gunungsari katitih lajêng muksa.

Ing Kadhiri lajêng tanpa pangagêng ngantos sadasa taun. Sawêg katanêman adipati saking ing Galuh, nama Prabu Sarining Waringin, kalêrês ingkang rayi Prabu Banjaransari, ingkang dipun dalêmi tilas dalêmipun Radèn Gunungsari.

Ki Darmakôndha pitakèn. Punapa sababipun cariyos Jawi punika têka botên sami. Kados ta karaton Mêdhangkamolan, kalihan karaton Prambanan, wontên ingkang mastani rumiyin Prambanan, wontên ingkang rumiyin Mêdhangkamolan, punika pundi ingkang lêrês, kyai.

--- 74 ---

Pak Sondong. Ingkang lêrês cariyos kula punika, sabab kula nyumêrêpi piyambak. Sabêdhahe Majapahit, ingkang bêdhah Radèn Patah jumênêng ratu Islam wontên ing Dêmak, sadaya tiyang ingkang taksih ngangge agami Buda dipun jarah rayah, candhi-candhi, rêca-rêca pêpundhènipun dipun rêmuk, wontên ingkang dipun bucali wana agêng. Sêrat-sêrat pakêm-pakêm ing kina dipun risak dipun bêsmi sadaya. Tiyang ingkang miturut agami Islam dipun mulyakakên, kaparingan sêsêbutan kyai agêng, kaganjar siti, kamardikakakên. Mila lajêng kathah ingkang têluk malêbêt agami Rasul, agami Buda botên kaangge. Wiwit karaton Dêmak dumugi Pajang, sang prabu sampun botên karsa nguningani pisan-pisan dhatêng sêrat-sêrat tuwin cariyos Buda, mênawi wontên ingkang taksih ngrimati sêrat-sêrat Buda dipun pundhut dipun risak, awit sang prabu sampun sami wuru kulhu, kêtuwukên donga salawat.

Sarêng panjênênganipun nata ing Mataram, punika wiwit karsa anglêmpakakên sêrat-sêrat kina malih. Nanging karaton sampun sêpên, botên wontên babar pisan, lajêng utusan ngupados dhatêng môncanagari, utawi dhusun ngadhusun, sintên ingkang taksih rimat sêrat kina kapundhut. Inggih sagêd angsal, nanging sampun pating prêthil, botên wontên ingkang jangkêp, kala samantên saangsal-angsalipun lajêng kaparingakên [kapa...]

--- 75 ---

[...ringakên] pujôngga kadhawuhan nganggit, lajêng dados pakêm utawi babat-babat ingkang sumêbar dumugi jaman samangke punika. Mila cariyosipun botên wontên ingkang jangkêp, sabab namung saking kintên-kintên kemawon, saking wasising pujôngga ngantos kados yêktos, nanging têmênipun kathah ingkang sulaya. Botên kados cariyos kula punika, amêsthi têmên, awit kula nyumêrêpi piyambak, sarta tumut nindaki.

Ki Dêrmakôndha. Kula punika inggih tiyang asli Kadhiri dêlês, turunipun pangeran Katawêngan, nanging dhatêng patilasan-patilasan ing Kadhiri ngriki, kirang mangêrtos, kula pitakèn dhatêng tiyang sêpuh-sêpuh, pundi tilasan dalêmipun Radèn Gunungsari, botên wontên ingkang cêtha kados cariyos sampeyan punika.

Pak Sondong wicantên malih. Kajawi punika, ing Kadhiri ngriki, jawinipun dèrèng patos kathah gêmpilipun, sabab kala rumiyin para wali botên sagêd ngambah Kadhiri ngriki, awit kula cêgadcêgat. wontên ing dhusun Singkal, kula wangsulakên, jalaran para wali punika pancèn awon kalakuanipun, rêmên ambêbujuk, sarta dahwèn, jail, siya. Mila sarêng kula sumêrêp, Sunan Benang badhe mriki, lajêng kula kodhol kula tliti tindak-tandukipun, anggènipun badhe ambêbujuk tiyang Kadhiri. Sarêng dumugi ing Kêrtasana,

--- 76 ---

Sunan Benang lajêng ngêdalakên karamatipun damêl pangeram-eram, lèpèn bênawi kang saking Kadhiri kang mêdal sakilèning Kêrtasana dipun sabdakakên ngalih, sanalika lajêng ngalih dhatêng wetan Kêrtasana, dipun wastani kitha Bêdhah. Sarta têtiyang ing ngriku dipun sotakên, tiyangipun jalêr sampun ngantos rabi-rabi yèn dèrèng dados jaka sêpuh, tiyangipun èstri sampun ngantos laki yèn dèrèng dados prawan sêpuh, sarta tanah ngriku dipun sotakên supados awis toya.

Sarêng kula sumêrêp tindakipun Sunan Benang makatên, kula manah-manah Sunan Benang purun damêl susahing tiyang kathah, amargi dhusun-dhusun tuwin pasabinan ingkang katrajang lèpèn wau, amêsthi risak, andadosakên kasangsaranipun tiyang tani. Mila kula lajêng angêmpalakên prikônca kula lêlêmbat, kula ajak nyêgat lampahipun Sunan Benang wontên ing dhusun Singkal, sampun ngantos lumêbêt dhatêng ing bawah Kadhiri. Nanging kula mendha-mendha manungsa, nama Kyai Combre. Sadaya lêlêmbat kula purih nyêgat ing ara-ara wontên ing pinggir lèpèn sakidul dhusun Singkal, botên dangu Sunan Benang dhatêng saking lèr, rencangipun tiga, lajêng kula parpêki, kula pitakèni ngakên tiyang saking Tuban, nama Sunan Benang. Kula ugi dipun pitakèni, kula ugi ngakên nama Kyai Combre, nanging Sunan Benang botên kasamaran, lajêng ngandika [nga...]

--- 77 ---

[...ndika] bilih kula bôngsa badan alus, nama kula Butalocaya, dhanyang ing Kadhiri. Lajêng ngandika malih. Hèh Butolocaya, yèn aku ora awèh ngambah ing kutha Kadhiri, aku dak nyabrang mangetan bae, anak putumu lêlêmbut kang ewon ika, pêngingên ngadhangi lakuku. Sarêng Sunan Benang ngandika makatên, badan kula lajêng lêsah, panas, sirah ngêlu, manah botên gadhah karkat, Sunan Benang lajêng ngandika malih, hèh Butolocaya, kajaba kowe ora awèh aku malêbu ing kutha Kadhiri, pancèn Allah iya durung marêngake. Saiki aku mung tuduhêna kutha Mamênang bae, tilas kadhatone Prabu Aji Jayabaya, aku arêp wêruh. Kula lajêng matur, tilas kadhaton Mamênang wetan lêrês punika.

Sunan Benang ngandika malih, aku mung wêkas bae karo kowe, desa kidul Singkal iki aranana desa Combre, ginawe pêpeling gonku kêtêmu kowe. Dene gon lêlêmbut kidul iki aranana desa Kuwanguran, awit gonku mrene kuwanguran ing lêlêmbut akèh.

Kula matur malih. Punapa sababipun têka paduka ngêsotakên tiyang ing dhusun Singkal ingkang dados jalêr botên sagêd rabi mênawi dèrèng dados jaka kawak, ingkang mêdal èstri botên sagêd laki manawi dèrèng dados prawan kasèp.

--- 78 ---

Sarta sabab punapa lèpèn bênawi panjênêngan sabdakakên pindah mangetan, tuwin tanahipun kapindhah nama, kitha Gêdhah.Diatas: kitha Bêdhah. Punapadene kasabdakakên awis toya.

Sunan Benang ngandika. Butalocaya, sira sumurupa, mangkene sababe. Mulane tanah kene dak sabdakake dadi larang banyu, amarga nalika aku kasatan arêp ngombe, aku banjur malêbu ing desa sumêdya anjaluk banyu, pinuju ana prawan mêtu saka ngomah, banjur tak têmbungi banyu. Gêndhuk, aku jaluk banyu imbon, sithik bae arêp dak ombe. Wangsulane prawan mau mangkene: wong jaluk banyu kok banyu imbon, napa ontên banyu diimbu, kajaba banyu uyuh. Barêng wangsulane mangkono, panampaku bocah lacut gêlêm nyanthulani wong tuwa. Banjur dak sotake kaya aturmu mau. Ing môngka karêpku, banyu imbon mau têgêse, banyu wayu kang wus mênêp, iku amêsthi anyêp bangêt, yèn diombe sathithik bae bisa marèkake ngêlak. Jêbul ditawani uyuh. Dadi aku nêpsu nganti ora sida ngombe, arêp ngombe banyu kali bêngawan buthêk, dadi aku banjur muni, pancèn desa kene iki larang banyu, sanalika kali bêngawan banjur ngalih dhewe mangetan mau. Sarta mulane kene dak êlih jênêng kutha Gêdhah, amarga aku ana ing kene, pitakon, [pi...]

--- 79 ---

[...takon,] wong kene iki agamane apa, wangsulane kang dak takoni, yèn wong wetan kali agamane mutihan, iya iku Islam, yèn wong kulon kali irêngan, iya iku Buda.Budha (dan di tempat lain). Mulane kulon kali banjur dak arani tanah kutha Gêdhah, dene isih padha nganggo agama Buda, iya irêngan mau. Têgêse Gêdhah, irêng ênom. (Kalanturipun têmbung dados bêdhah).

Kula lajêng matur malih. Manawi makatên, anggèn paduka maringi patrapan botên timbang kalihan kalêpatanipun, pintên tiyang ingkang kasusahan amargi koncatan toya, sarta katrajang pindhahing lèpèn wau. Punapadene tiyang ingkang sami sêsemahan ngantos kasèp, punika mêmêlas sangêt. Dados panjênêngan punika, kalêbêt tiyang ingkang rêmên niaya, rêmên adamêl sangsara dhatêng titahipun ingkang Maha Kuwasa. Punapa panjênêngan botên ajrih dhatêng ingkang murbèng jagad. Ing môngka kacariyos wali punika kêkasihing Pangeran, jêbul rêmên damêl sangsara, mênawi mêkatên wali punika malah têtêp satruning Pangeran, tandhanipun rêmên niaya ing sêsami-sami. Kalihan malih pêrlunipun punapa, panjênêngan bêbujuk dhatêng têtiyang ing tanah Jawi supados ngrasuk agami Islam, pêpundhènipun rêca-rêca candhi-candhi dipun risak, sêrat-sêratipun rontal kropak dipun sirnakakên. [sirnaka...]

--- 80 ---

[...kên.] Ing môngka ngatasing agami, punika sêsênêngan, botên rodapêksa kados kajêngipun para wali, punika nama sawênang-wênang. Kalihdene malih agami lami ing tanah Jawi punika inggih pancèn sampun utami, piwulangipun sae sangêt, lampahipun kêdah anoraga, tapabrata, pambêkanipun kêdah wêlas asih dhatêng sêsamining dumados, kêdah adil paramarta bèr budi bawa lêksana.

Sunan Benang ngandika. Butalocaya. Mungguh pamêlèhmu marang aku kabèh, sarta pangolok-olokmu marang para wali, iku kapara nyata, lan bênêr kabèh. Ananging sira sumurupa. Mungguh sabdaku kabèh mau ora dak sangaja, aku ora nêdya nganiaya titahing Allah, dadi uniku mau kayadene wus karsaning Pangeran, awit para wali mau yèn muni sapisan dadi, wus ora kêna dibalèni, apa sabdane kanyataan padha sanalika, mulane diarani kêkasihing Allah, dening sasire katêkan. Samêngko mangkene bae, sarèhning wus kêbacut, aja koprihatinake bangêt-bangêt, mung mupusa yèn obah osiking jagad mau wus atas saka kuwasaning Pangeran. Ing samêngko mangkene bae, sabdaku ing ngarêp mau dak wangêni mung sajroning limang atus taun, lan bêngawan bakal ngalih mangulon manèh. Sasampunipun ngandika makatên, Sunan Benang [Be...]

--- 81 ---

[...nang] sasakabatipun lajêng malumpat bênawi têrus tindak mangetan. Kônca lêlêmbat lajêng kula bibarakên, kula têrus ngodhol mangetan, sarêng dumugi tilas kitha Mamênang, Sunan Benang kèndêl wontên sapinggiring sumur, badhe ngunjuk, nanging botên wontên timbanipun, sumuripun lajêng goling piyambak, Sunan Benang lajêng ngunjuk, sasampunipun lajêng têrus tindak mangetan, sumuripun botên wangsul malumah malih. Dumugi sapunika, dipun wastani dhusun Sumurgumiling.Sumurgumuling. Sarêng dumugi dhusun Nyaèn, amirsani rêca Buta Nyai, ingkang kula cariyosakên ing ngajêng, tanganing rêca ingkang têngên lajêng dipun sêmpal dhatêng kangjêng sunan. Sarêng kangjêng sunan pirsa bilih kula kodhol, lajêng tindak mangalèr dhatêng pasisir, salajêngipun kula botên sumêrêp.

Ki Dêrmakôndha pitakèn. Anggèn sampeyan pinanggih kalihan Kangjêng Sunan Benang wontên ing dhusun Singkal punika kala punapa, punapa taksih jaman Majapahit, punapa sampun jaman Dêmak.

Taksih jaman Majapahit, Prabu Brawijaya pungkasan, sadèrèngipun seda.

Ki Dêrmakôndha. Ingkang kasêbut ing sêrat babat, Prabu Brawijaya punika ratu Buda, sarêng kawon prang kalihan Radèn Patah, lajêng muksa.

--- 82 ---

Pak Sondong. Prabu Brawijaya sedanipun botên muksa, amargi sajatosipun Prabu Brawijaya sampun ngrasuk agami Islam.

Ki Dêrmakôndha. E: dados Prabu Brawijaya, punika sampun Islam.

Inggih sampun. Dene gancaripun ingkang saèstu makatên, sasampunipun Radèn Patah kajunjung dening para wali tuwin para bupati ing tanah bang wetan, kajumênêngakên nata Islam wontên ing Dêmak, lajêng nglurug dhatêng Majapahit, nêdya nêlukakên ingkang rama, kapêksa supados ngrasuk agami Islam. Sang Prabu Brawijaya lajêng dhawuh dhatêng patih Gajah Mada, sarèhning para bupati sampun kathah ingkang malêbêt agami Islam, sang prabu inggih karsa ngrasuk agami Is,Islam. nanging panggalih sakalangkung ngungun dhatêng Radèn Patah, dene andadak ngrodapêksa kalihan prang, môngka saupami kaprabonipun dipun suwun kalihan aris kemawon, sang prabu sampun tamtu amarêngakên. Awit rumaos sampun sêpuh narimah badhe bagawan kemawon, sarta sang prabu ngandika makatên dhatêng Patih Gajah Mada. Sumurupa Gajah Mada, mulane Si Patah ambêke rusuh. Kang sapisan têgêse patah iku: putung, karêpe pisah lan watêking bapa, awit wijine kurang murni, iya iku katarik saka ibune bôngsa Cina, putrane Prabu Tan Gong

--- 83 ---

Hwat ing Kuwantong, dadi nguthuh kaya singkèk tan wruh ing bêcik. Kaping têlu katularan ambêke Si Arya Damar, amarga Si Damar iku ibune rasêksi, anake Ditya Kala Prajôngga ing gunung Pandhan. Mulane samêngko lali-lali dèn elingêna, pèngêtana ana ing buku, dimèn dadi têpa tulada ing têmbe, aja kongsi gawe wiji rusuh, mundhak dadi kaya panjênênganingsun, satêmah makan tuwan. Mulane para ratu ing buri-buri aja pisan anggarwa liyan bôngsa seje agama. Mulane ingsun iya rumôngsa luput, dene anggarwa putri Cina lan putri Cêmpa, ajaa ingsun kagiwang marang putri Cêmpa, ingsun ora salin agama. Ajaa ingsun anggarwa putri Cina, ora pêputra kaya Si Patah.

Ing samêngko kapriye manèh, sarèhne wus kabacut, sarta pancèn wus kacêtha ing wêca, yèn ingsun iki amungkasi ratu Buda, ing saiki ingsun amung anari sira, kapriye karêpira. Saupama Si Gugur kang madêg senapati mêthuk yudane Si Patah kapriye.

Patih Gajah Mada matur. Manawi Gusti kula Radèn Gugur ingkang jumênêng senapati dèrèng mitadosi, sabab taksih kêtimurên.

Upama Adipati Têrung kêpriye.

Adipati Têrung punika tiyang Lembang agami Islam, sadhèrèk [sadhè...]

--- 84 ---

[...rèk] tunggil ibu kalihan Radèn Patah, kalilankalihan. panjênêngan paduka botên gadhah gêgayutan punapa-punapa, têmpuhing rana amêsthi ambalik tumut Radèn Patah.

Bênêr sira patih, sabab kang sapisan sadulur, kapindho tunggal agama, amêsthi abot marang Si Patah.

Sapunika karsa dalêm kados pundi.

Panêmuku mangkene patih. Si patih iki samêngko wus abot sanggane, sabab para ratu Pasisir lan Madura wus padha nungkul marang Si Patah. Upama dak lawan dhewe, ingsun mêsthi digêguyu para jawata. Ing samêngko saka karsaningsun, mung karsa lolos bae marang ing Bali, kêtêmu yayi Prabu Dewa Agung, sarawuhingsun ing kana, ingsun minta saraya marang yayi prabu, dak purih nanggulang Si Patah, ngrêbut tanah Jawa, sarta ratu mônca kang durung têluk karo Si Patah, kaya ta: Raja Bima, Têmboro, Timur, Sêmbawa, Bandhan, Ngambon, Têrnate, Banjarmasin, Cêmpa, iku kabèh ingsun timbali saprajurite marang ing Bali, ingsun pasrahake marang yayi Prabu Dewa Agung, supaya ginawe kanthi ngrêbut tanah Jawa. Satêmêne ingsun ora lila, yèn Si Patah madêg nata anggêntèni kapraboningsun, sabab panjaluke kapraboningsun kalawan siya, mukul prang tanpa panantang, ilang caraning manungsa. Wis patih môngsa bodhoa

--- 85 ---

sira, ingsun budhal saiki marang ing Bali, ingsun ora anggawa rowang, mung si kakang Sabdapalon bae kang ingsun ajak. Sapungkur ingsun, sira banjur ngadonana pêrang, nanging aja kongsi ana pêpati, mêsakake wong cilik. Ingsun gumun wong Arab iku lan para wali kabèh, ambêke padha kaya tikus, padha nênêka marang nagaraningsun, ingsun tampani kalawan bêcik-bêcik, ingsun paringi bumi lan kamuktèn, mundur dene padha kolu ngrikit karaton ingsun, putraningsun dèn bêbujuk supaya mungsuh marang ingsun. Ora liwat ingsun suwun marang kang murbèng pasthi, muga Si Patah aja tutug anggone gêntèni kapraboningsun. Wis patih ingsun budhal, amung ing besuk sabaliningsun saka wetan, sira banjur mêthuka tindak ingsun.

Patih matur sandika, sang prabu lajêng bidhal kadhèrèkakên Ki Sabdapalon, tuwin Nayagenggong, sang prabu tindakipun katandhu, amargi sampun sêpuh sangêt botên kuwawi lumampah.

Sapêngkêripun sang prabu, Sultan Bintara rawuh, kanthi Sunan Kalijaga, Sunan Kudus, Sunan Ngudung, tuwin para bupati pasisir. Lajêng kapapag prang dening patih Gajah Mada, kanthi Dipati Têrung, tuwin prajurit sawatawis, nanging namung kadamêl sarana kemawon, mila pêrangipun amung sakêdhap, Patih Gajah Mada lajêng nungkul, Dipati Têrung ajêng-ajêngan kalihan [kaliha...]

--- 86 ---

[...n] Sunan Ngudung, nanging Sunan Ngudung dados tiwasipun, sarêng Dipati Têrung sumêrêp bilih Patih Gajah Mada nungkul, Dipati Têrung inggih lajêng tumut nungkul, wadya Dêmak kadhawuhan malêbêt kadhaton, anjarah rayah brana, tuwin mondhongi putri salêbêting pura. Sultan Bintara tuwin para sunan, lajêng tindak dhatêng Ngampèl sowan ingkang eyang putri garwanipun Sunan Ngampèl swargi, badhe nyuwun idin jumênêngipun nata anggêntosi ingkang rama. Sarawuhipun ing Ngampèl, lajêng satata lênggah. Sultan Bintara matur saparlunipun, sarta amratelakakên solahing ayuda, dumugi lolosipun ingkang rama. Kangjêng Nyai Ngampèl, sarêng mirêngakên aturipun ingkang wayah, lajêng muwun, dening kèngêtan kasaenanipun sang prabu, lajêng ngandika makatên.

Sultan, sira iku putrane sapa, lan kang jumênêngake ana ing Dêmak iku sapa.

Sultan Bintara matur, kula putranipun Sang Prabu Brawijaya ing Majapahit, dene jumênêng kula ratu saking pangangkatipun para wali tuwin para bupati pasisir sarta Madura, ingkang sampun ngrasuk agami Islam.

Kangjêng nyai ngandika malih, dadi sira wus sumurup yèn sira putrane Prabu Brawijaya, sabab dening apa sira wani ngrusak karatoning bapa, mung kasusu anggènira jumênêng nata.

--- 87 ---

Kangjêng sultan matur, sabab botên karsa ngagêm agami Islam.

Kangjêng nyai lajêng duka kathah-kathah, angluhurakên pambêkanipun Prabu Brawijaya, anyênyampahi tekadipun Sultan Bintara tuwin para wali, anggènipun botên sumêrêp ing kasaenan, punapadene botên karsa angidèni jumênêngipun nata Sultan Bintara. Malah sultan kadhawuhan madosi ingkang rama, kadhawuhan ngaturi kondur dhatêng Majapahit, sarta kadhawuhan anjumênêngakên malih.

Kangjêng sultan sakalangkung trênyuh ing galih lajêng muwun kados wanodya ngantos kamisêsêgên, kagalih lêrês ingkang eyang. Wusana lajêng pamit badhe kondur dhatêng Dêmak, sarta badhe ngestokakên sadhawuhipun ingkang eyang. Sarêng sampun kaparêngakên lajêng ngabêkti, para wali ugi ngujung sadaya, lajêng bidhal, sadumuginipun Dêmak lajêng sowan Kangjêng Sunan Benang, angaturakên sasolahing ayuda, sarta angaturakên dukanipun ingkang eyang putri Nyai Agêng Ngampèldênta, purwa madya wusana sampun katur sadaya.

Dhawuh pangandikanipun Kangjêng Sunan Benang, jêbèng sultan, mungguh dêdukane eyangira putri iku ora pêrlu sira pikir, budining wong wadon ora pantês tinurut, yèn dèn ênut luput murungake lêlakon, samêngko lêstaria jumênêng nata binathara ana ing Dêmak, lan banjur anjêmbarna agama Islam.

--- 88 ---

Inggalipun Sultan Bintara lajêng sinaidan dening para wali, tuwin para bupati mônca ingkang sampun manjing agami Islam, têtêp jumênêng nata kalipatollah wontên ing tanah Jawi, ajêjuluk Sultan Sah Ngalam Akbar.

Tamat

Samtêtipunsambêtipun. sêrat punika, amirsanana sêrat Kalamwadi

Ananging kauningana, sêrat Babat Kadhiri tuwin sêrat Kalamwadi wau, kalêbêt cariyos padhalangan, dados wontên nalisiripun kalihan ingkang kasêbut ing Pustakaraja, tuwin sêrat Babat Tanah Jawi, punapadene sêrat Babat Dêmak, para sarjana tamtu botên kakilapan dhatêng lagehanipun cariyos padhalangan.

Ingkang ngrampingakên ukaranipun

kula Mangunwijaya

--- 0 ---

Boekhandel: TAN KHOEN SWIE,- Kediri. Menerbitkan kitab-kitab bahasa dan hoeroef Djawa:

P

Pamboekaning Tjipta ... f 1,50 / Pandam Prana ... f 1,-- / Panggardjita ... f 2,-- / Panembrama ... f 0,50 / Paniti Baja ... f 0,45 / Paniti Sastra ... f 0,45 / Papali Nabi Kh. H. Tjoe ... f 0,10 / Pastika Maja ... f 0,35 / Pastika Warna ... f 1, 25 / Pati Tjentini ... f 2,-- / Patkoel Karib (Kawroeh Pekih) ... f 0,65 / Pedjah poenika saladjengipoen kados poendi ? ... f 1,65 / Pitoetoer Djati ... f 0,45 / Poenapa ingkang bade kita goelang ? ... f 0,60 / Poerwa Kanti ... f 1,25 / Poerwa Karana ... f 0,60 / Poestaka Rantjang (Patak Modin) ... f 0,75 / Prabangkara ... f 1,__ / Pramana Sidi ... f 0,60 / Prasida Djati ... f 0,70 / Primbon Djampi Djawi ... f 1,10 / Primbon Ngadoe Djago ... f 0,30

R

Rangka Angrong ... f 0,60 / Rangsang Toeban ... f 1,25 / Rekasaning Batin ... f 0,60 / Rerepen ... f 0,20

S

Sangoe Gesang ... f 0,35 / Sara Sedya ... f 1,__ / Sasmita Rahardja ... f 0,50 / Sasmita Warni-warni ... f 0,50 / Sastra Hardjendra ... f 0,35 / Satonggaling Oetoesan ... f 0,30 / Senarodra ... f 1,10 / Sendon Langen Swara ... f 0,35 / Siswa Sogata ... f 0,70 / Siti Djenar ... f 0,35 / Siti Rokanah ... f 1,60 / Soebasita ... f 0,50 / Soekanda Karma ... f 1,25 / Soeksma Wiwara ... f 0,95 / Sopanalaja ... f 0,30 / Sri Kresna Barata ... f 0,50 / Swaraning Asepi ... f 1,--

T

Tjandra Rini I sampe II à ... F 0,20 / Tjandra Sangkala ... f 0,20 / Tjipta Goegah ... f 0,30

W

Wangsalan ... f 0,35 / Wara Karma ... f 0,80 / Warat Maja deel I-II à ... f 1,10 / Warna Prana ... f 0,45 / Warna Sastra ... f 0,45 / Warni pitoe djedjer doemadosing manoengsa ... f 1,65 / Wawarah Samadhi ... f 1,50 / Wedda Agama ... f 0,35 / Wedda Asmara ... f 0,30 / Wedda Jatmaka ... f 0,20 / Wedda Nararjo ... f 0,30 / Wedda Poerwaka ... f 0,70 / Wedda Raga ... f 0,20 / Wedda Sanjata ... f 2,__ / Wedda Satya ... f 0,30 / Wedda Tama ... f 0,35 / Widya Kirana (Darma Sonja) ... f 0,90 / Witjara Keras ... f 0,50 / Woelangreh ... f 0,50 / Woeningo ing Ghaib ... f 0,60

HARGA DIATAS BELOEM TERITOENG ONKOST KIRIM.

--- 0 ---

Boekhandel: TAN KHOEN SWIE,- Kediri. Menerbitkan kitab-kitab seperti di bawah ini:

BAHASA DJAWA HOEROEF LATIJN:

Asmaralaja ... f 0,45 / Kalatida ... f 0,20 / Katoeranggan Djaran, Koetjing lan Koetoet ... f 0,50 / Kidoengan ... f 0,55 / Peladjaran Hoeroef Djawa ... f 0,50 / Siti Djenar ... f 0,40 / Wedda Tama ... f 0,40 / Wisa Djiwa ... f 0,20

BAHASA MELAJOE HOEROEF LATIJN:

A. B. C. Melajoe dan Djawa ... f 0,75 / A. B. C. Lo Tjoe ... f 0,50 / Adji Asmaragama (dengan gambar) ... f 0,50 / Bagawad Gita ... f 0,90 / Beroelang-oelang di lahirkan ka Doenia ... f 0,65 / Dewa Roetji ... f 0,65 / Djati Moerti ... f 1,10 / Hak perkoempoelan dan persidangan ... f 0,45 / Hauw King ... f 0,40 / Ling Djiat (Panas dan Dingin) ... f 0,35 / Makrifat ... f 0,35 / Ngo Loen (Ngo Tay Kong) ... f 0,35 / Nona Mari I sampe IV per djilid à ... f 0,60 / Perdjalanan Moedjidjat Ke Bintang Mars I - II à ... f 1,50 / Primbon Mengadoe Djago ... f 0,40 / Riwajat Nabi Khong Hoa Tjoe ... f 0,50 / Sioe Lian (Samadhi) deel I. II. per djilid à ... f 1,__ / Sjair Pertjintaän ... f 0,30 / Sjair Soesah dan Senang ... f 0,40 / Soeloeh Kesempoernaän / deel I magnetisme ... f 1,__ / deel II hypnotisme ... f 1,__ / deel III asalnja manoesia ... f 1,__ / deel IV Concentratie mengeningkan tjipta ... f 1,__ / deel V asalnja tjipta ... f 1,__ / deel VI natuur wetenschap ... f 1,__ / deel VII Tahoe gaib ... f 1,__ / deel VIII Helderziendheid ... f 1,__ / deel XI Helderziendheid ... f 1,__ / deel X pengidoepan batin ... f 1,__ / Sjair Ilmoe Sedjati ... f 0,60 / Soeara Soeksma ... f 0,65 / Tjian Lie Gan (Adji Penrawangan) ... f 0,70 / Tjiptaän tiap-tiap pagi ... f 0,40 / Wali Sepoeloeh ... f 0,65 / Wefboek van Strafrecht baroe (1928) ... f 2.50 / Zak Woordenboek Belanda Melajoe ... f 2,__

HARGA DI ATAS BELOEM TERITOENG ONKOST KIRIM. SEDIA CATALOGUS