Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Panambangan, Pakêmpalan Mangkunagaran, 1918, #1534 (Hlm. 001-075)

Katalog:Babad Panambangan, Pakêmpalan Mangkunagaran, 1918, #1534
Sambung:
1.Babad Panambangan, Pakêmpalan Mangkunagaran, 1918, #1534 (Hlm. 001-075). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad #222.
2.Babad Panambangan, Pakêmpalan Mangkunagaran, 1918, #1534 (Hlm. 076-152). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad #779.
3.Babad Panambangan, Pakêmpalan Mangkunagaran, 1918, #1534 (Hlm. 153-213). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad #780.

Commisie voor de volkslectuur. Serie No. 392

Sêrat Babad Panambangan

Anyariyosakên Aluran ing Mangkunagaran Karanganipun Pakêmpalan Ngarang Sêrat ing Mangkunagaran

Wêwênangipun ingkang nganggit sêrat punika kaayoman dening anggêr ing sêtatsêblad taun 1912 No. 600

Kaêcap ing Indhonesi Sêdrikkêre Wèltêprèdhên 1918

--- 4 ---

Bêbuka

Wiyosipun, ingkang minôngka purwakaning Sêrat Babad Panambangan jilid I, punika anyariyosakên lêlampahanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara ingkang jumênêng sapisan ing Surakarta, dipun wiwiti saking Ingkang Sinuhun Mangkurat Jawi ing Kartasura, mawi sajarahipun para lêluhur ing Mangkunagaran.

Mila sêrat punika dipun wontênakên, amargi sangking dèrèng wontên sêrat babad ingkang maligi nyariyosakên aluran ing Mangkunagaran, wontên ugi ingkang kasêbut ing sêrat babad sanès-sanèsipun amung sawatawis, punika andadosakên cuwanipun ingkang sami nguningani, môngka lêlampahanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara ingkang jumênêng sapisan wau kathah patilasanipun ingkang elok, dumugi sapunika taksih wontên tôndha yêktinipun, punapadene lêlabêtanipun ingkang kenging sinudarsana.

Ing pangangkah karangan punika kangge anggampilakên sintên ingkang karsa nguningani, utawi malih para darah tuwin para têdhaking punggawa sampun ngantos botên uninga dhatêng lêlabêtaning para lêluhuripun.

Wondene sagêdipun kasêmbadan angwontênakên sêrat babad punika, botên liya saking pitulungan pèngêtanipun para darah tuwin para punggawa ing Mangkunagaran, saha malih mêthik saking:

1. Babad Tanah Jawi têmbung Jawi. Karanganipun Radèn Ngabèi Yasadipura

2. Babad Kartasura têmbung Jawi. Karanganipun Radèn Ngabèi Yasadipura

3. Babad Pacina têmbung Jawi. Karanganipun Radèn Ngabèi Yasadipura

4. Babad Giyanti têmbung Jawi. Karanganipun Radèn Ngabèi Yasadipura

5. Babad Itih Kraton Surakarta. Karanganipun Radèn Ngabèi Yasadipura

6. Babad Tanah Jawi têmbung Walandi (Prof. P.J. Veth).

7. Babad Itih ing Mangkunagaran, karanganipun Rôngga Panambangan.

8. Hikayat Tanah Indhia (têmbung Mlayu).

Karanganipun para pakêmpalan ngarang sêrat.

--- 5 ---

Punika babad ing Mangkunagaran, ingkang kangge jêjêring cariyos, nalika sasurud dalêm, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang sapisan, ing nagari Kartasura, inggih punika ingkang jêjuluk Sinuhun Pugêr.

Bab 1. Jumênêngipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat Jawi, ing Kartasura.

Wiyosipun, nalika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana sapisan sampun surud, taksih tunggil taun, lajêng kagêntosan ingkang putra Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat Jawi, ing Kartasura, amarêngi taun Jawi 1643. Sinangkalan mantri papat ngrasa tunggal,Sengkalan: mantri papat ngrasa tunggal (1643 A.J., 1719 A.D.). ing taun Walandi 1719.

Kacariyos, jumênêngipun sang prabu wau sampun apêputra, ingkang pambajêng kêkasih Radèn Mas Sura, pêparab Radèn Mas Sandi, miyos saking garwa pangrêmbe Mas Ayu Sumanarsa, wijil ing Dhusun Kêblokan, tanah Nglaroh (Surakarta) salajêngipun kajunjung sêsêbutan Radèn Ayu Kilèn, utawi Radèn Ayu Sêpuh, rajaputra wau wiwit timur kapundhut putra angkat dhatêng ingkang paman PangerakPangeran. Adipati Purbaya, lajêng kasantunan nama Radèn Mas Damar, sarta dêdalêm nunggil wontên ing Kapurbayan. Diwasanipun taksih mênangi ingkang eyang Sinuhun Pakubuwana sapisan, kaparingan nama Pangeran Riya, lajêng dipun kramakakên angsal putranipun Panêmbahan Cakraningrat ing Madura, ingkang seda wontên kapal, nama Radèn Ayu Ragaasmara, sarta lajêng krama malih angsal kalihan putrinipun [pu...]

--- 6 ---

[...trinipun] ingkang paman piyambak, Pangeran Adipati Balitar, kêkasih Radèn Ajêng Wulan, dados dhaup kalêrês sadhèrèk nak dhèrèk, inggih punika ingkang nurunakên trah-tumêrahing praja Mangkunagaran.

Amangsuli cariyos, sang prabu utusan matêdhani sêrat dhatêng Patih Cakrajaya, ingkang sawêg pêrang anggêbag pambangkangipun Adipati Jayapuspita ing Surabaya, paring sumêrêp bilih ingkang rama sampun seda, ing mangke sang prabu anggêntosi jumênêng nata ing Kartasura, sarta paring dhawuh supados Patih Cakrajaya sampun ngantos mantuk, taksih apacak baris wontên ing Surabaya ngantos sarampunging pêrang.

Kala samantên sang prabu lajêng misudha Ki Tumênggung Kartanagara, kajunjung dados patih lêbêt, minôngka sisihanipun Patih Cakrajaya.

Wiwit sajumênêngipun sang prabu ing nagari Kartasura taksih gêmah aripah tata raharja, sadaya dhêdhawuhan botên ewah kados adat kala jumênêngipun ingkang rama suwargi, sabên ing dintên Sênèn Kêmis, sang prabu miyos siniwaka, yèn ing dintên Sêtu miyos watangan. Sarêng lami-lami sang nata kagungan karsa mranata para pangeran, paring dhawuh dhatêng Patih Kartanagara, bilih ingkang rayi, 1. Pangeran Adipati Purbaya, 2. Pangeran Adipati Balitar, badhe kalorod sêsêbutanipun adipati, sarta gêgadhuhanipun siti ing Blora, dalah gêgadhuhanipun prajurit jagasura, sami kapundhut wangsul, amung kantun lênggahipun pangeran santana, jalaran lênggahipun ingkang suwau kagalih kagêngên. Patih Kartanagara sangêt anggènipun amambêngi karsanipun sang nata wau, amargi kala taksih sugêngipun suwargi ingkang rama sampun mêling wantos-wantos, ing wingking sampun ngantos nyêrikakên manahipun ingkang rayi Pangeran Adipati Balitar, [Bali...]

--- 7 ---

[...tar,] nanging sang prabu botên karsa anggalih ing atur wau, kalampahan kadhawuhakên dhatêng ingkang rayi kalih pisan. Pangeran Adipati Purbaya sarêng nampèni dhawuhipun sang prabu lajêng mupus narimah ing pandum, awit rumaos yèn kawisesa ing ratu, amung Pangeran Adipati Balitar ingkang sakalangkung garantês saha gêrah panggalihipun, ngantos kalampahan ing wanci dalu ngaturi ingkang paman Pangeran Arya Mataram, sumêdya dipun taringitarèni. ingkang dados karsanipun, sasampunipun dhatêng saha lênggah satata, Pangeran Adipati Balitar ngunjal napas kalair pangandikanipun: Dhuh, paman, kadospundi badhe kadadosanipun badan kula punika, putra jêngandika kakang prabu têka kêsangêtên têmên anggènipun siya-siya dhatêng badan kula, sêsêbutan kula dipun lorot, upacara kula dipun rucati, sadaya gêgadhuhan kula sami dipun dhèdhèl, dados botên pisan-pisan angèngêti sarta ngèstokakên wêlingipun kangjêng rama suwargi, yèn makatên saèstunipun kula inggih kapêksa supe dhatêng sadhèrèk sêpuh, awit ingkang sapisan kula botên amiwiti, kaping kalih rumaos sami gadhah waris karaton ing Kartasura, mila saking kadêrênging manah kula karaton ing Kartasura sumêdya kula rêbat.

Pangeran Arya Mataram, sarêng mirêng aturipun ingkang putra sakalangkung kagèt ing galih sarta sangêt anggènipun gêtun, ngantos sapandurat botên sagêd ngandika. Sarêng sampun lêrêm lajêng amangsuli sarwi atêbah jaja: O anggèr karsa sampeyan ingkang makatên wau kula botên nyuwawèni, rèhning kula punika tiyang gêrang, pantêsipun inggih dados pêpalang, saking pangraos kula piyambak, yèn lumawana dhatêng sadhèrèk sêpuh kados botên prayogi, mila kula kumapurun mambêngi ingkang makatên, awit kadang sêpuh punika lintuning bapa dhasar jumênêng nata, wajib dipun turut saparentahipun, [sapare...]

--- 8 ---

[...ntahipun,] malah raka jêngandika Pangeran Dipanagara, ingkang sampun balela ing ratu, madêg baris wontên ing Madiun, punika manawi kenging, prayogi dipun aturana kondur dhatêng Kartasura, sampun ngantos kalajêng-lajêngakên karsanipun, awit manawi kalampahan hara-huru, nagari nêmahi karisakan, sintên ta ingkang kecalan, inggih amung kula kalihan jêngandika sasadhèrèk sadaya.

Pangeran Adipati Balitar mangsuli atur: Saking pangandikanipun paman, inggih lêrês sadaya, ananging bilih kaka prabu wau botên adamêl sakiting manah kula, sarêng kasangêtên anggènipun siya-siya, kula botên kuwawi kaèsi-èsi ing kathah, rumaos wirang ningali dhatêng tiyang ing Kartasura, sanadyan badhe kadospundi kadadosanipun, sampun kula têmah, manah kula saya botên kenging kula ampah, dene bilih paman badhe tumut ingkang sampun jumênêng nata tur mukti wibawa, inggih môngsa boronga, dhasar kula punika tiyang nama nistha papa.

Pangeran Arya Mataram awêwarah malih: O, anggèr sampun ngantos sêling-sêrêp, kula punika tiyang sêpuh botên pisan nêdya tumut dhatêng sintên-sintên, pundi ingkang katurunan nurbuwahing Pangeran, inggih punika ingkang kula susupi, dene manawi anggèr sampun botên karsa andhahar dhatêng atur kula, kêdah kêncêng ingkang dados raosing sêdya botên langkung saking wêling kula, mugi sampeyan karsa atantunan dhatêng raka jêngandika Pangeran Adipati Purbaya, awit katêmpah sadhèrèk sêpuh, kados-kados kuwawi ambiyantoni ing karsa sampeyan, sapisan lakar widigdaya ing ayuda, kaping kalih sugih bala tur linulutan têtiyang sanagari.

Ing dalu punika ugi, pangeran kêkalih lajêng sami dhatêng ing Kapurbayan, dipun panggihi wontên ing gêdhong pajungutan, ing ngriku Pangeran Adipati [A...]

--- 9 ---

[...dipati] Balitar mratelakakên dhatêng ingkang raka kathah-kathah sarta matur ingkang dados kêkêncênging sêdyanipun. Pangeran Adipati Purbaya sarêng midhangêt aturipun ingkang rayi, saklangkung rudah ing galih, sanalika gêrêng-gêrêng sarwi ngusap pranaja, sangêt kamiwêlasên dhatêng ingkang rayi botên wande badhe anêmahi kasrakat sarta kontrang-kantring lêlampahanipun.

Pangeran Adipati Balitar matur malih dhatêng ingkang paman Pangeran Arya Mataram: Paman, botên sapintêna cuwaning manah kula nalika upacara kula kapundhut ing kakang prabu, nanging sarêng gêgadhuhan kula sami dipun dhèdhèli, punika andadosakên karêrantaning manah, rumaos sakalangkung apês badan kula, dene sangêt botên kajèn, yatalah ora kayaa kakang prabu, bangêt gone anglarakake atining sadulur, apa jagat mung sagodhong kelor ambane.

Pangeran Adipati Purbaya akathah-kathah anggènipun ambêbolèhi dhatêng ingkang rayi supados wudhara ingkang dados kakêncênganing manahipun, ananging Pangeran Adipati Balitar sampun botên sirêp, bêbasan botên sagêd lipur ing pangimur, botên sagêd rapih ing pangarih-arih, wusana kasapih ing wanci sampun byar raina lajêng bibaran, sami kondur sêsowangan.

Kacariyos, Pangeran Adipati Balitar, sadumugining dalêm saya katêtangi pangigit-igiting panggalih botên kenging kasarèhakên, tumuntên utusan abdi ingkang kapilih, paring sumêrêp dhatêng tuwan kapitan kumêndhan ingkang jagi karaton, bab ingkang dados karsanipun badhe ngraman, mawi anodhi punapa purun ambiyantu ing saliranipun, punapa lêstantun sumungkêm ingkang prabu. Wangsulanipun kaptin dhatêng utusan wau:

--- 10 ---

Kowe matura marang gustimu, kang dadi karsane iku, Kumpêni ora mèlu-mèlu, sabab rêbutan nagara padha sadulure dhewe, dene Kumpêni gone ana tanah Jawa iki suwita ngupaya kauntungan, sapa kang unggul iya dipanggul, sapa kang kalah bakal dijarah, sapa kang ana karaton, iya iku gustiku. Utusan tumuntên wangsul matur ing gustinipun kados wangsulanipun tuwan kapitan wau.

Kala samantên Pangeran Adipati Balitar wiwit tata-tata, angumpulakên wadyabala, kintên-kintên tiyang kalih bêlah èwu, sawega sadêdamêlipun. Rêmbagipun para pinisêpuhing abdi, tuwin para kaji ingkang ambêbaluhi sampun gilig, golong abiyantu sabaya pêjah, tumuntên sami apradandosan, sarêng sampun samapta ing wanci lingsir dalu ungêling bêdhug tiga, lajêng bidhal dalah kulawarganipun sadaya, mawi mampir ing Kapurbayan. Pangeran Adipati Purbaya taksih panuju sare, nanging kagèt saking gumuruhing têtiyang kathah, enggal amapagakên dhatêng ingkang rayi, ing ngriku Pangeran Adipati Balitar lajêng nungkêmi sampeyanipun ingkang raka sarwi akalara-lara karuna, têmbungipun: Adhuh kangmas kula nyuwun amit pêjah, pintên banggi amanggih gêsang, botên langkung kula amung nyuwun pangèstu ing salampah-lampah kula. Pangeran Adipati Purbaya sarêng mirêngakên sambatipun ingkang rayi, sanalika anjêggrêg botên sagêd ngandika, lathinipun kados kinunci, sangêt ing pangungunipun, dene dadi kaya mangkene, wêkasan rêntah wêlasipun dhatêng ingkang rayi lajêng angunjal napas sarwi ngandika: Yatalah ora kayaa adhiku, dene gêdhê têmên kanêpsonmu, wis mênênga adhi mas, puluh-puluh kapriye manèh, iya aku kang bakal anglabuhi kang dadi karêpmu, têlungane kakang prabu kang wis mukti wibawa. Adhi mas, ayo padha anjujug [anjuju...]

--- 11 ---

[...g] marang ing Mataram bae dhisik, sêdhêng bisa tata-tata ana ing kana, saka kiraku ing buri wong Kartasura kaya-kaya akèh kang padha nusul ing lakuku. Pangeran Adipati Purbaya lajêng dhawuh dhatêng garwa putra tuwin para abdi sadaya, sami kinèn pradandosan, malah putranipun sang prabu pambajêng ingkang kakasih Pangeran Riya labêt saking trêsnanipun dhatêng ingkang rama angkat, inggih botên purun kantun, kêdah andhèrèk ing sapurug, sarêng sampun samapta ing wanci bangun lajêng sami bidhal, kêbut dalah garwa putra tuwin abdi sadaya angiring sagunging wadyabala sikêp dêdamêl. Lampahipun tansah rêreyongan, wontên ing margi kèndêl sadalu. Enjingipun andumugèkakên lampah, dhatêngipun ing Mataram anjujug ing bale kajênar, tilas kithanipun ingkang eyang Sinuhun Sultan Agung, rumiyin nama ing Kuthakarta, lajêng kaêlih nama ing Kartasêkar, têtiyang ing Mataram sampun sami suyud, lajêng katarubakên tuwin tiyang padhusunan sakiwa-têngênipun, ing Kartasêkar katingal agêng bawahanipun, Pangeran Adipati Purbaya karsa anglêmpakakên para tapa, tuwin para ngulama, dalah para kaji sawontênipun sami dipun timbali, punapadene Kyai Wanagiri, pradikan ing tanah Mataram sakarerehanipun ugi sampun sowan sadaya, sami katarubakên sarta ginagulang ulahing pêrang.

Nuju satunggiling dintên, pangeran adipati sakalihan miyos siniwaka, para wadya sampun pêpak sadaya, ing ngriku Pangeran Adipati Purbaya jumênêng majêng sarwi angandika sora: Hèh sarupaning kawula kang padha seba ing dina iki kabèh, padha anêksènana yèn adhi mas Pangeran Adipati Balitar, ing mêngko manira junjung jumênêng nata, angadhaton ana ing Kartasêkar, jêjuluk Sultan Ibnu Mustapa, Pakubuwana Senapati [Se...]

--- 12 ---

[...napati] ing Ngalaga. Para wadya sadaya gumuruh jumurung asaurpêksi, tumuntên kasambêtan para ngulama andêdonga, lajêng sami ingaminan ambal-ambalan ambatarêbah. Pangeran Adipati Purbaya enggal anarik astanipun ingkang rayi kalênggahakên ing dhampar, ingkang raka lênggah ing kursi wontên têngênipun, sarta lajêng angundhangakên malih, yèn ing mangke karsa santun nama jumênêng Panêmbahan senapatining prang, dene ingkang putra Pangeran Riya kaangkat dados Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara. Abdi kamisêpuh bêktan saking Kartasura nama Ki Garwakôndha, kawisudha dados patih nama Tumênggung Jagabrata, punapadene para abdi ing Kablitaran, tuwin ing Kapurbayan, sami kawisudha kalênggahanipun sapangkat-pangkat, dene Kyai Wanagiri, kaangkat minôngka pinisêpuh dados têtantunan, awit kaanggêp saaturipun. Rikala samantên Sang Panêmbahan lajêng karsa dhêdhawuh dhatêng para wadyabala, sami kinèn angêlar jajahan.

Kacariyos, para mantri bopati dalah têtiyangipun alit ing Kartasura, kathah ingkang sami tilar balewismanipun, sadintên-dintên anglur sami anusul dhatêng ing Mataram, ing nagari Kartasura lajêng katingal samun, kawêwahan lajêng môngsa pacêklik, para têtiyang alit sami kêkirangan têdha, sang nata kaisisan wadya. Ing ngriku wontên satunggiling sudagar sugih nama Pranaduta, kathah têtiyangipun tumbasan, sami kablônja kadosdene Kumpêni. Sang prabu rèhning rumaos atis, ngantos kagungan tindak reyoh, inggih punika misudha dhatêng tiyang ingkang botên labêt nagari, Ki Pranaduta kaparingan pangkat nama Tumênggung Subrata, dupèh punika ingkang mitulungi têdhanipun para abdi salêbêting kadhaton, mila sang prabu lajêng paring sêrat dhatêng Tuwan Amral, ingkang sawêg angêpang ing Surabaya, suraos aparing pariksa bilih ingkang rayi Pangeran Adipati Purbaya, tuwin Pangeran [Pange...]

--- 13 ---

[...ran] Adipati Balitar mêdal saking nagari, sami ngraman makuwon wontên ing Mataram. Tuwan Amral tuwin Patih Cakrajaya dalah para bopati ingkang sami pacak baris, katimbalan sami kadhawuhan mantuk dhatêng ing Kartasura, dene Tuwan Amral, kalihan Adipati Cakrajaya numpak baita mêdal ing Samarang.

Gêntos kacariyos, Pangeran Dipanagara ingkang ngraman wontên ing Madiun, sagêd kêmpal kalihan Adipati Jayapuspita ing Surabaya, mila wadyabalanipun saya wêwah agêng. Pangeran Dipanagara lajêng santun nama ajêjuluk Panêmbahan Hèrucakra, pacakbaris wontên ing dhusun Padonan, tanah Sokawati, ing ngriku lajêng iyasa kadhaton mawi alun-alun, ngimba pasang rakitipun karaton Kartasura.

Kacariyos malih Pangeran Arya Mataram, ingkang taksih kantun wontên ing Kartasura, sarêng anguningani yèn dalajading praja katingal risak, sakêdhap-kêdhap tansah wontên Pailan, têtiyang alit sami kakirangan têdha, balegriyanipun kathah ingkang katilar suwung, para kawula sami ura-uru botên kantênan pangidhêpanipun, mila lajêng lolos saking nagari. Pangeran Arya Mataram, nêdya badhe tata-tata ayasa kadhaton wontên ing Pathi, lampahipun tumuju ing Garobogan, bopatinipun sampun nungkul, Pangeran Arya Mataram lajêng madêg barisanipun wontên ing ngriku, nêlukakên nagari sakiwa-têngênipun. Kala samantên, môncanagari sakalangkung rêsah, tansah bahak-binahak, rayah-rinayah rêbat unggul, para tiyang alit awayang-wuyungan, tambuh-tambuh pangungsenipun, wontên ingkang suyut dhatêng Panêmbahan Hèrucakra, wontên ingkang suwita ing Pangeran Arya Mataram, sawênèh wontên ingkang ngayom dhatêng ing Kumpêni.

--- 14 ---

Kacariyos lêlampahanipun Tuwan Amral kalihan Patih Cakrajaya sampun dumugi ing Samarang lèrèh sawatawis dintên, ing wêkdal punika tuwan komisaris tampi nawala dalêm saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, suraos angenggalakên anggènipun animbali Tuwan Amral dalah wadyabala Kumpêni, awit lajêng badhe kakarsakakên anglurug dhatêng ing Mataram, ingkang kaping kalih andhawuhakên supados tuwan komisaris lajêng angunjara dhatêng Patih Cakrajaya, jalaran ginalih ngubungi pangramanipun Pangeran Adipati Purbaya, tuwin Pangeran Adipati Balitar. Tuwan komisaris sarêng maos sêrat wau sakalangkung ngungun, lajêng awêwartos dhatêng Tuwan Amral, dene kados makatên karsanipun sang prabu, môngka Patih Cakrajaya wau tiyang sae, nanging kadospundi malih inggih kêdah nglampahi ingkang dados dhawuhing nata. Patih Cakrajaya lajêng kalêbêtakên ing pakunjaran, sarèhning Tuwan Amral sampun sae sarta dangu anggènipun kêkêmpalan kalihan Patih Cakrajaya nalika anggêbag pêrang wontên ing Surabaya botên pisah, mila tansah tuwi dhatêng ing pakunjaran, saha anyagahi samôngsa sampun dhatêng ing Kartasura badhe nyuwunakên pangapuntên dhatêng sang prabu, mila Patih Cakrajaya winêling sampun sangêt-sangêt prihatos. Sarêng sampun sawatawis dintên anggènipun tata-tata wadya, bala Kumpêni sampun samêkta, Tuwan Amral tumuntên bidhal angirid prajurit bôngsa warni-warni. Sadumugining nagari Kartasura, lajêng sowan ing ngarsanipun sang prabu, ngaturakên kawontênanipun wadyabala Kumpêni ingkang kabêkta, saha cumadhong pandamêlan badhe nglampahi punapa sadhawuhipun sang prabu. Sang nata sakalangkung bingah ing panggalih, lajêng dhawuh kinèn mapanakên pakuwonipun, sampun ngantos wontên ingkang kêkirangan.

--- 15 ---

Sasampunipun lêrêm sawatawis dintên, Tuwan Amral arêrêmbagan kalihan Patih Mangkupraja (bokmanawi Patih Kartanagara kala samantên sampun santun nama Mangkupraja) anamtokakên kêdah anggêbag ing Mataram rumiyin, amargi sami-sami karaman agêng piyambak barisanipun, ing ngriku lajêng tata-tata sakapraboning ayuda, sarêng sampun samêkta lajêng nyuwun pamit ing sang prabu, bidhalipun sêsarêngan, Patih Mangkupraja ingkang angirid wadyabala ing Kartasura, sadumugining Mataram, kapêthukakên wadyabala ing Kablitaran, lajêng campuh pêrang rame, bala ing Kartasura karepotan, bala Kumpêni atêtulung, Sultan Ibnu Mustapa nyalirani piyambak nyêrêgakên wadyabalanipun, dipun tadhahi prajurit Kumpêni kalayan angrutugi mimising sanjata, wadya ing Kablitaran kathah ingkang pêjah kasulayah, songsongipun Sultan Ibnu Mustapa kabuncang ing Punglu ngantos malêsat têbih, saking kagèting panggalih lajêng lumajêng dalah pangayapipun. Pangeran Riya ingkang sampun kaangkat Pangeran Adipati Anom, angadhangi plajêngipun wadya ing Kablitaran, kalayan anguman-uman: Maratuwaku iku pancèn jirèh ora wani mati, pêrang pêng-pêngane mung lumayu bae, lajêng atêtulung sabalanipun, mapagakên pangangsêging Kumpêni. Dene Panêmbahan Purbaya sarêng mirsani ingkang putra nanggulangi prajurit Kumpêni kalayan nirbaya nirwikara, enggal angirid wadyanipun, mangsah nalabung saking ngiringan, Pangeran Riya ngatingalakên kaprawiranipun ing pêpêrangan, prajurit Kumpêni têmah karisakan, kathah ingkang pêjah kados babatan pacing, bala Kumpêni lajêng ngunduri amung bala ing Kartasura taksih pêrang rame kalihan wadya ing Kablitaran, dangu-dangu wadyabala ing Kablitaran kasêsêr, lajêng kèngsêr dhatêng ing Kêdhu, Tuwan Amral wangsul dhatêng ing Kartasura, angaturi uninga ing sang prabu

--- 16 ---

bilih kraman ingkang wontên ing Mataram, sampun kaungsir kèngsêr dhatêng ing Kêdhu. Sang nata sakalangkung suka saha anarima, Tuwan Amral tumuntên andarbèni atur: bilih salajêngipun ingkang sinuhun taksih ngarsakakên ing damêl kula, saèstu kula badhe botên suminggah, ananging panyuwun kula mugi wontêna pangapuntênipun ingkang sinuhun dhatêng Adipati Cakrajaya, kula kadugi tanggêl ing kasaenanipun, supados kenginga kala kanthi anglampahi ayahan sabaya pêjah. Ing ngriku Dêmang Urawan anyambêti atur: Gusti, pun Patih Cakrajaya punika salêrêsipun rêsik bêbudènipun, saha tumêmên anggènipun rumêksa nagari dalêm, nalikanipun pêrang ing Surabaya, rintên dalu Amral botên pisah kalihan Patih Cakrajaya, wondene ingkang madulakên awon punika namung saking manah jêjailan, amrih kalêpatanipun Patih Cakrajaya kemawon.

Sang prabu sarêng midhangêtakên aturipun Dêmang Urawan kathah-kathah, têka lajêng lilih dukanipun, tumuntên andhawuhakên pangandika dhatêng Tuwan Amral: Mungguh kang dadi panjalukmu iku ingsun wus marêngake, Patih Cakrajaya ing mêngko wus ingsun ngapura, mulane tumuli ulihna marang ing Kartasura. Tuwan Amral sakalangkung bingah lajêng nyuwun pamit mantuk dhatêng ing Samarang, mêthuk Patih Cakrajaya, sang prabu kapirênan sarwi paring wêwêling aja suwe-suwe ana ing Samarang tumuli balia marene.

Tuwan Amral matur sandika, saunduripun saking kadhaton tumuntên bidhal, dumugining Samarang andhawuhakên timbalanipun sang nata dhatêng tuwan komisaris, Patih Cakrajaya lajêng kawêdalakên saking pakunjaran, sanès dintên Tuwan Amral wangsul dhatêng ing Kartasura malih, sarwi ngirid Patih Cakrajaya, sarta ambêkta banton para bopati pasisir dalah [da...]

--- 17 ---

[...lah] balanipun, sarêng dumugi ing Kartasura sowan ing ngarsanipun sang prabu, Patih Cakrajaya enggal anungkêmi pada sarwi nangis anggalolo kadosdene pawèstri, mawi sêsambat dhatêng suwargi ingkang rama sang nata. Sarêng sang nata midhangêt sambatipun Patih Cakrajaya, panggalihipun kados jinait, kagagas-gagas kala taksih sugêngipun ingkang rama, têmahan angêmbêng waspa sarwi ngandika: Wis mênênga wakne, aku mundhak mèlu nangis. Sasampunipun sami luwaran, sang prabu lajêng andhawuhakên dhatêng Tuwan Amral supados tumuntên tata-tata badhe pangungsiripun karaman ingkang wontên ing Kêdhu samangke sampun wangsul dhatêng Mataram, aturipun sandika lajêng kalilan mundur saking kadhaton.

Kacariyos, sarêng sampun samêkta ing ayuda, Tuwan Amral kalihan Patih Cakrajaya tuwin Adipati Mangkupraja, ngirid wadyabala bidhal saking Kartasura, sadumugining Mataram, lajêng campuh pêrang kalihan prajuritipun Panêmbahan Purbaya, tuwin Pangeran Adipati Anom Mangkunagara, ing sabên dintên gêntos kalindhih, sarêng dangu-dangu bala ing Kartasura saya agêng barisanipun, awit wêwah-wêwah saking prajuritipun para bopati môncanagari sami anusul, sarta dipun biyantoni prajurit saking ing Madura, mila Tuwan Amral tuwin Patih Cakrajaya lajêng sagêd angrigênakên, wadyabala ingkang sapratigan katindhihan para bopati pasisir, kapurih anggêbag barisanipun Pangeran Adipati Balitar ingkang wontên ing Kêdhu, wadya ing Kablitaran botên kaconggah tumanggah, lajêng lumajêng wangsul dhatêng ing Mataram malih, ngêmpal dados satunggal kalihan baris Kapurbayan, tuwin Mangkunagaran. Ing ngriku pêrangipun sangsaya agêng, sadintên-dintên sami long-linongan, wadyabala ing Mataram dipun pêngkuhana kados [kado...]

--- 18 ---

[...s] punapa inggih mêksa kasêsêr, jalaran ingkang sapisan, kawon kathah saha pêpak pirantosipun, kaping kalih sampun kadangon pêrangipun, dados sami kêkirangan têdha. Mila sarêng sampun sangang wulan dangunipun balanipun Sultan Ibnu Mustapa kèngsêr saking Mataram, dhatêng ing Rêdikidul saurutipun mangetan mêdal ing Kaduwang, taksih dipun lud dening wadya Kumpêni dumugi ing Panaraga, lajêng dipun sêsêk malih kaplajêng mangalèr dhatêng ing Madiun, lajêng menggok mangetan anjog ing Kadhiri, mêksa taksih kabujêng, ngantos kaplajêng malih dumugi ing Malang lajêng anjrak, ing ngriku pambujêngipun wadyabala ing Kartasura kandhêg jalaran lajêng kambah ing sêsakit warni-warni, Adipati Mangkupraja tuwin Radèn Suradiningrat sami anêmahi pêjah kenging sêsakit. Mila Tuwan Amral kalihan Adipati Cakrajaya wangsul dhatêng nagari Kartasura, lajêng ngaturi uninga ing sang prabu, bilih karaman ingkang wontên ing Mataram sampun kaungsir, kaplajêng mangetan ngantos dumugi ing Malang, sarta amratelakakên kawontênanipun para abdi dalêm ingkang sami nêmahi pêjah.

Sang prabu sakalangkung ngungun, dene pêjahipun Adipati Mangkupraja tuwin Radèn Suradiningrat, namung kenging sêsakit botên saking sarana pêrang, ewadene sang prabu lajêng andhawuhakên, anakipun para abdi dalêm ingkang sami pêjah salêbêtipun anglampahi ayahan, supados kawisudha gumantos kalênggahaning bapa, sarta Patih Cakrajaya kakarsakakên santun nama Radèn Adipati Danurêja.

Kacariyos, Pangeran Adipati Balitar ingkang sampun sêsilih Sultan Ibnu Mustapa, tuwin ingkang raka Panêmbahan Purbaya, sarêng makuwon wontên ing Malang, ragi angsal ombèr sawatawis, mila lajêng sagêd atata-tata barisanipun malih ngiras anêntrêmakên panggalih, ananging

--- 19 ---

botên antawis dangu Pangeran Adipati Balitar kataman anandhang gêrah rêkaos, ngantos andadosakên sedanipun, layon kakondurakên dhatêng ing Kartasura, sagarwa putra dalah para abdi sadaya, kadhèrèkakên Patih Jayabrata, sadumugining Kartasura lajêng kalapurakên ing sang prabu, saking timbalanipun sang prabu layon kadhawuhan anglajêngakên sumare ing Imagiri, dene para garwa putra kadhawuhan manggèn padalêmanipun lami ing Kablitaran. Sampun kalêksanan sadaya, sasedanipun Pangeran Adipati Balitar ingkang sinuhun tansah anahên sungkawa, sadaya karsanipun ingkang sampun kalajêng rumaos kaduwung, saha kagalih kalintu ing tindakipun, botên pisan-pisan ngintên bilih anjalari hura-huruning nagari, saha andadosakên sakiting manahipun para putra, kathah ingkang sami mêdal saking nagari lajêng angraman, mila sang prabu sakalangkung panalangsaning panggalih, rintên dalu tansah ngêngirangi dhahar sare, ingkang kacipta muhung angsala pangapuraning Pangeran, nagarinipun sagêda manggih rahayu pulih tata têntrêm, botên wontên kara-kara, sampun ngantos wontên sambekalanipun.

Amangsuli cariyosipun Panêmbahan Purbaya kalihan ingkang putra Pangeran Riya taksih anglajêngakên pangramanipun wontên ing Malang, saha angêlar jajahan dumugi ing Lumajang. Ing ngriku sagêd kêmpal kalihan Panêmbahan Hèrucakra, Adipati Natapura, Adipati Suradilaga, tuwin Adipati Surapati, andadosakên agênging barisanipun.

Kala samantên Tuwan Amral sampun andhatêngi ngalurug malih, pacak baris wontên Gêmbong Pasuruan, rêrêmbagan kalihan para bopati môncanagari, sarèhning pêrang punika sampun lami botên wontên wusananipun, ing mangke nêdya angrimuk dhatêng Panêmbahan Purbaya, sarana kentun sêrat [sê...]

--- 20 ---

[...rat] suraos angaturi rawuh dhatêng Pasuruan, Panêmbahan Hèrucakra supados pêpanggihan kalihan Kumpêni, sêngadi badhe kajumênêngakên nata. Ugi para bopati sami angrujuki, anjawi sêrat ingkang katur panêmbahan, Tuwan Amral prayogi akintuna sêrat piyambak dhatêng Adipati Surapati, awit punika ingkang sakalangkung kinasih saha kaanggêp saaturipun, saha mawi dipun êbanga, samôngsa karsanipun Tuwan Amral sagêd kasêmbadan, Adipati Surapati badhe kaganjar nagari Pasuruan. Rêmbagipun para bopati wau Tuwan Amral inggih anyondhongi. Sarêng pandamêling sêrat sampun dados, lajêng milih ingkang badhe dinuta, inggih punika Ngabèi Tohjaya kanthi Dêmang Kaligawe sagah anglampahakên. Sasampuning sêrat katampèn sarta winêling-wêling saparlunipun, lajêng kalilan bidhal, dumugi paregolaning mêngsah, lajêng kaandhêg kalihan ingkang jagi kori, tumuntên kalapurakên. Adipati Surapati mêdal amanggihi, duta lajêng ngaturakên sêrat kêkalih, satunggal dhatêng Adipati Surapati piyambak, satunggalipun katur Panêmbahan Purbaya. Sêrat ingkang dhatêng Adipati Surapati lajêng kabikak, suraosipun sampun kadhadha, duta kêkalih lajêng kapurih ngêntosi ing pamondhokan, Adipati Surapati enggal ngaturakên sêrat ingkang katur Sang Panêmbahan Purbaya. Sarêng sêrat sampun kapariksa Adipati Surapati nuntên matur kathah-kathah, kaparênga andhahar aturipun Tuwan Amral, awit kamanah badhe prayogi kadadosanipun. Panêmbahan Purbaya têka gampil pinanggih ing galih, nêdya anut pratikêlipun Adipati Surapati, sagah pêpanggihan kalihan Kumpêni, ananging mawi mundhutakên pangapura dhatêng 1. Panêmbahan Hèrucakra, 2. Adipati Natapura, 3. Adipati Suradilaga, 4. Adipati Surapati. Mila adipati [adi...]

--- 21 ---

[...pati] piyambak ingkang kautus lumampah pêpanggihan rumiyin kalihan Tuwan Amral, wontên ing Pasuruan. Kalampahan lajêng bidhal sêsarêngan wangsuling duta kêkalih wau, sadumuginipun ing Pasuruan, lajêng mratelakakên dhatêng Tuwan Amral, sadaya ingkang dados karsanipun Panêmbahan Purbaya. Tuwan Amral ugi sampun anyagahi, mila lajêng miji kapitan kêkalih ambêkta karerehanipun, 2 Kumpêni sarta para bopati sawêtawis, ingkang mêthuk dhatêng ing Lumajang. Panêmbahan Purbaya dalah para ingkang nguyun-uyun sawadyabalanipun, sami dipun boyongi dhatêng ing Pasuruan, sarawuhipun lajêng têtabean kalihan Tuwan Amral, ing ngriku Tuwan Amral anggadhahi atur pamrayogi, mugi panêmbahan karsaa têdhak ing Samarang, lajêng badhe kajumênêngakên nata wontên ing ngrika, nglêluri kados nalika jumênêngipun suwargi ingkang rama Pangeran Pugêr. Panêmbahan Purbaya inggih amituruti. Enggaling cariyos lajêng bidhal mêdal ing Surabaya, saha lajêng mancal nitih baita sampun dumugi Samarang. Tumêdhakipun saking baita mawi kinurmatan kapêthuk piyambak dening tuwan komisaris.

Kacariyos, sarêng sampun lêrêm wontên ing Samarang sawatawis dintên, lajêng tampi utusanipun tuwan gupêrnur, bilih Panêmbahan Purbaya dalah pandhèrèkipun, kaaturan dhatêng Batawi, utawi malih wontên utusanipun ingkang sinuhun mêthuk Pangeran Riya katimbalan dhatêng ing Kartasura, awit sang prabu sakalangkung onêngipun. Lajêng sami andum wilujêng bidhal sêsowangan. Wusana sarêng dumugi Batawi Panêmbahan Purbaya lajêng kadunungakên ing bètèng alang-alang inggih salêjutingsalêbêting. nagari Batawi. Dene Panêmbahan Hèrucakra lajêng kabucal Dhamakap (tanah Aprikah sisih kidul) sarta malih, 1. Adipati [Adipa...]

--- 22 ---

[...ti] Natapura, 2. Adipati Surapati, 3. Adipati Suradilaga, sami kabucal dhatêng ing pulo Selong. Mila sadaya wau sakalangkung ngungun, dene makatên kadadosanipun, wêkasan sangêt ing piduwungipun, rumaos kenging apuskrama.

Kacariyos, lampahipun Pangeran Riya sadhatêngipun ing nagari Kartasura tumuntên kairid dening patih kalihan tuwan kumêndhan, sowan wontên ing ngarsanipun sang nata lajêng angraup pada, sang prabu sarêng anguningani ingkang putra karaos-raos panggalihipun, sarwi angunadika: Bocah iki sêmune akèh wêdine, labêt durung kawong marang ingsun, ijih kabotan trisna marang bapakne adhi mas Purbaya, jalaran dimong wiwit cilik mula, pisah lan jênêng ingsun. Ing ngriku lajêng dhawuh dhatêng Adipati Danurêja: Yèn ing mêngko putraningsun Pangeran Riya, ingsun paringi sêsêbutan, kaaran Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ing Kartasura, lan ingsun paringi lungguh bumi sèwu karya, sarta ingsun parêngake angênggoni tilas omahe bapakne ana ing Kapurbayan, aturipun ki patih sandika, sasampunipun sang prabu jêngkar lajêng bibaran, Patih Danurêja lajêng andhawuhakên ingkang dados karsanipun sang nata sampun kalêksanan sadaya.

Botên kacariyos kawontênaning lêlampahan ing nagari Kartasura, salêbêtipun…taun, sarêng sang prabu sampun ragi yuswa, kagungan karsa anggalih dhatêng putra ingkang badhe gumantos jumênêng nata, inggih punika ingkang sêpuh piyambak, Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, amung kogêl dening Pangeran Adipati Anom, wah malih tansah dipun gubêl ingkang garwa Kangjêng Ratu Kadipatèn, putranipun kakung sakawan, sami taksih timur, punika kapiliha salah satunggal, sagêdipun sumilih [sumi...]

--- 23 ---

[...lih] anggêntosi kaprabon, dene putra sakawan wau, 1. Radèn Mas Sêkti, diwasanipun nama Pangeran Arya Buminata, nanging lajêng seda, 2. Radèn Mas Kadhaton, nunggak sêmi nama Pangeran Arya Buminata, sarêng ngraman santun nama Sultan Dhandhun Martèngsari, 3. Radèn Mas Pamade, nama Pangeran Arya Mataram, sarêng ingkang raka ngraman, santun nama Pangeran Arya Buminata, 4. Radèn Mas Sunaka, nama Pangeran Arya Singasari, sarêng ngraman nama Sunan Prabujaka, sang prabu salêbêtipun giyuh ing panggalih lajêng kataman gêrah, tumuntên nimbali Patih Danurêja, dipun paringi dhawuh: Danurêja ingsun gawèkna layang marang tuwan guprênur ing Batawi, manawa ingsun tinêkakake ing janji, kang ingsun lilani anggêntèni madêg nata, putraningsun kang tuwa, yaiku Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, manawa ora kalakon, iya putraningsun Pangeran Adipati Anom, dene yèn karo pisan ora kalakon, iya putraningsun kang saka bok Ratu Kadipatèn, papat pisan dipiliha salah siji, aja tan ora. Aturipun Patih Danurêja sandika, enggal damêl sêrat, sasampunipun dados tumuntên dipun asmani, lajêng utusan anglampahakên dhatêng ing Batawi, sang prabu kambuhan gêrahipun malih.

Kacariyos Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, tuwin para pangeran punapadene para bopati sami tuguran wontên ing kadhaton, ing ngriku Pangeran Adipati Arya Mangkunagara dipun susul abdinipun, ngaturi uninga ingkang garwa putri ing Kablitaran badhe kagungan putra. Pangeran Adipati Arya Mangkunagara enggal kondur mundur saking patuguran, sadumuginipun ing dalêm, ingkang garwa lajêng babar miyos kakung, nuju ing dintên Akat Lêgi tanggal kaping 4 wulan Ruwah taun Jimakir ôngka 1650 marêngi wuku Warigagung, dipun wastani Sênggani Praba. Inggih punika musthikaning [musthi...]

--- 24 ---

[...kaning] wêdalan. Para sadhèrèk ugi sami martuwi, jabang bayi kapangku gêntos-gêntos, punapadene para nujum ingkang sami nênggani sami amêca bilih jabang bayi punika ing têmbe dados prajurit linangkung. Pangeran Adipati Arya Mangkunagara enggal wangsul ing kadhaton ngunjuki wuninga ingkang rama sadaya kawontênanipun ingkang garwa anggènipun anglairakên putra. Sang prabu sangêt suka sokur ing galih, sarta maringi namaning jabang bayi Radèn Mas Said, têgêsipun ingkang sinuhun sampun anêksèni.

Kacariyos kala samantên gêrahipun sang prabu saya santêr, lajêng animbali Patih Danurêja, kadangu sêrat ingkang dhatêng Batawi: aturipun dèrèng angsal wangsulan, sang prabu angandika: Patih wêkas ingsun marang sira yèn ingsun tinêkakake ing jangji, kang ingsun lilani madêg nata kaya surasane layang ingsun kang marang ing Batawi, poma iku èstokna aja tan ora. Sang prabu lajêng mundhut wangkingan sarwi dhawuh dhatêng ingkang garwa Kangjêng Ratu Agêng: Bok ratu kêris pusaka iki paringna marang anakmu Pangeran Adipati Arya Mangkunagara. Kangjêng ratu lajêng nampèni kalihan muwun, panggalihipun awrat, nanging ajrih manawi botên anglampahana, mila wangkingan inggih lajêng kaulungakên dhatêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, kalayan ngandika: Thole aku titip adhimu Pangeran Adipati Anom. Ing ngriku gêrahipun sang prabu sangsaya mêtêk kalajêng seda amarêngi taun Jawi 1650, sinangkalan sirna tata rasa tunggal,Sengkalan: sirna tata rasa tunggal (1650 A.J., 1725/26 A.D.). salêbêting kadhaton gumêrah swaraning tangis, para garwa putra sami umyung awayang-wuyungan, layon nuntên kaupakara, sasampunipun samêkta aparipurna nuntên kaangkatakên sumare ing astana Ngimagiri, sapêngkêripun layon gapura tuwin sadaya kori kadhaton sami katutup, [katu...]

--- 25 ---

[...tup,] para putra santana botên kenging mêdal saking kadhaton, Patih Danurêja tuwin tuwan kapitan ugi tugur wontên ing nglêbêt, dene para bopati sami tugur wontên pasowanan jawi, makatên wau nêtêpi adat wiradating nagari.

Wondene Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat Jawi ing Kartasura, punika kala sugêngipun apêputra sadaya 42 uruting sêpuh kados ing ngandhap punika:

1. Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ing Kartasura, saking garwa Radèn Ayu Kilèn utawi Radèn Ayu Sêpuh.

2. Radèn Ajêng Dèwi, pêparab Radèn Ajêng Sobrah, saking garwa pangrêmbe nama Radèn Surtikanthi, diwasanipun nama Radèn Ayu Tumênggung Suralaya, ing Brêbês.

3. Radèn Ayu Pambayun, saking garwa padmi Kangjêng Ratu Agêng, seda timur.

4. Radèn Ajêng Aminah, pêparab Radèn Ajêng Supani, saking garwa pangrêmbe Mas Ayu Tejawati, diwasanipun nama Radèn Ayu Rôngga Kaliwungu. Pêgat nuntên krama malih nama Radèn Ayu Adipati Pringgalaya, sarêng ingkang garwa seda, katrimakakên Radèn Tumênggung Wiradigda.

5. Radèn Mas Sandeya, saking garwa pangrêmbe Radèn Erawati, nama Pangeran Ngabèi.

6. Putri saking garwa Radèn Ayu Kilèn, seda timur.

7. Radèn Mas Suraya, saking garwa pangrêmbe Mas Ayu Côndrapati, nama Pangeran Arya Pamot.

8. Radèn Mas Kala, saking garwa pangrêmbe Mas Ayu Bandadari, nama Pangeran Dipanagara.

--- 26 ---

9. Radèn Mas Sudiman, pêparab Radèn Mas Rêgu, saking garwa pangrêmbe Radèn Ayu Rêtnadi, nama Pangeran Danuwaya.

10. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, saking garwa padmi Kangjêng Ratu Agêng, jumênêngipun nata jêjuluk Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 2.

11. Radèn Mas Samdaya, saking garwa pangrêmbe Radèn Erawati seda timur.

12. Radèn Mas Surasa, saking garwa pangrêmbe Mas Ayu Côndrawati nama Pangeran Arya Mangkubumi, seda wontên ing pagêlaran, nuju tingalanipun sinuhun.

13. Radèn Mas Utara, saking garwa pangrêmbe Mas Ayu Gôndaarum, nama Pangeran Arya Martasana, ngalih nama Pangeran Adinagara.

14. Radèn Ajêng Siti Sundari, saking garwa padmi Kangjêng Ratu Agêng, nama Kangjêng Ratu Madurêtna, krama Pangeran Cakraningrat ing Madura, pêgat lajêng katrimakakên Radèn Arya Endranata, ngarangulu ingkang rayi.

15. Radèn Ajêng Kati, saking garwa pangrêmbe Mas Ayu Tilam, seda timur.

16. Radèn Ajêng Branti, pêparab Radèn Ajêng Patri, saking garwa pangrêmbe Radèn Ayu Pandhansari, nama Radèn Ayu Tumênggung Mangkuyuda, sarêng sampun rôndha katrimakakên tuwan kaji ing Kêdhu seda Pangolan.

17. Radèn Mas Subandi, pêparab Radèn Lindhu, saking garwa pangrêmbe Mas Ayu Erawati, seda timur.

18. Radèn Mas Subêkti, saking garwa pangrêmbe Radèn Ayu Pandhansari, [Pandhansa...]

--- 27 ---

[...ri,] nama Pangeran Arya Pamot, ngalih nama Pangeran Adiwijaya. Seda pêrang wontên ing Kaliabu tanah Kêdhu.

19. Radèn Mas Subrônta, saking garwa pangrêmbe Radèn Bandasari seda timur.

20. Radèn Mas Sêkti, pêparab Radèn Mas Asih, utawi Radèn Mas Bumi, saking garwa nèm, Ratu Kadipatèn, nama Pangeran Arya Buminata, botên dumugi lajêng seda.

21. Radèn Mas Sujana, saking garwa pangrêmbe Mas Ayu Tejawati, nama Pangeran Arya Mangkubumi, sarêng jumênêng nata jêjuluk Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana kaping sapisan, ing Ngayogyakarta.

22. Radèn Mas Kadhaton, saking garwa nèm, Ratu Kadipatèn, nunggak sêmi ingkang raka nama Pangeran Arya Buminata, sarêng ngraman nama Sultan Dhandhun Martèngsari wontên ing Kêsine tanah Sêmbuyan.

23. Radèn Mas Pamade, saking garwa nèm Ratu Kadipatèn, nama Pangeran Arya Mataram, sarêng ingkang raka ngraman anggêntosi nami Pangeran Arya Buminata.

24. Radèn Ajêng Tajêm, saking garwa pangrêmbe, Radèn Bandadari nama Radèn Ayu Wiratmêja, lajêng santun nama Radèn Ayu Arya Mêgatsari.

25. Radèn Ajêng Sutari, pêparab Radèn Ajêng Intên. Saking garwa pangrêmbe Mas Ayu Tejawati, nama Radèn Ayu Dêmang Urawan, ingkang raka kaganjar nama Pangeran Arya Purbaya, lajêng kabucal dhatêng ing Kadêmèn.

26. Radèn Ajêng Sêmi saking garwa pangrêmbe Mas Ayu Rondhonsari nama Radèn Ayu Pakuningrat, ing Sampang.

27. Radèn Mas Surata, saking garwa pangrêmbe Mas Ayu Wrêdiningsih, nama

--- 28 ---

Pangeran Rôngga, lajêng ngalih nama Pangeran Cakranagara.

28. Radèn Mas Yadi, saking garwa pangrêmbe Mas Mundri, nama Pangeran Arya Silarong.

29. Radèn Mas Langkir, saking garwa pangrêmbe, Mas Ayu Murdaningkung nama Pangeran Arya Prangwadana.

30. Radèn Ajêng Srigati, pêparab Radèn Ajêng Umik, saking garwa pangrêmbe, Radèn Rarasati, nama Radèn Ayu Surawinata.

31. Radèn Mas Gêtêr, saking garwa pangrêmbe, Radèn Pandhansari nama Pangeran Arya Panular.

32. Radèn Mas Patêr, saking garwa pangrêmbe Radèn Pandhansari nama Pangeran Arya Mangkukusuma.

33. Radèn Mas Sunaka, saking garwa nèm Ratu Kadipatèn, nama Pangeran Singasari, sarêng ngraman nama Sunan Prabujaka.

34. Radèn Ajêng Margantên, pêparab Radèn Ajêng Mantên, saking garwa pangrêmbe Radèn Rarasati, ngarang ngulu ingkang bakyu nama Radèn Ayu Mêgatsari.

35. Putri saking garwa nèm Ratu Kadipatèn, dèrèng kaparingan nama lajêng seda timur.

36. Radèn Ajêng Yadah, saking garwa pangrêmbe Mas Mundri, nama Radèn Ayu Sujanapura.

37. Radèn Mas Sardan, saking garwa pangrêmbe Mas Ayu Rantansari, nama Pangeran Dipasônta.

38. Radèn Ajêng Rêmbe, saking garwa Mas Ayu Rondhonsari, nama Radèn Ayu Endrawinata. Sarêng pêgat, dipun karang ulu ingkang bokayu, Kangjêng Ratu Madurêtna, lajêng katrimakakên Radèn Tumênggung Yudanagara, [Yu...]

--- 29 ---

[...danagara,] ing Banyumas, ing wêkasan kawisudha dados patih ing Ngayugyakarta, nama Radèn Adipati Danurêja.

39. Radèn Ajêng Rêsmiyah, saking garwa pangrêmbe Mas Ayu Rondhonsari, seda timur.

40. Radèn Ajêng Lamsiyah, saking garwa pangrêmbe Mas Mundri, seda prawan.

41. Radèn Ajêng Warsah, saking garwa pangrêmbe Mas Ayu Rantansari seda timur.

42. Radèn Ajêng Jali, saking garwa pangrêmbe Mas Ayu Rondhonsari seda timur.

Bab 2. Lêlampahanipun Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ing Kartasura, Sasurudipun Ingkang Rama, Dumugining Kakendhangakên

Wiyosipun, kacariyos malih, sarêng para pangeran anggènipun tugur wontên salêbêting karaton Kartasura, sampun sawatawis dangu, Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sasurudipun ingkang rama tansah karêrantan, awit saking rumaos katêmpah sêpuh, môngka ingkang rayi-rayi kathah saha taksih sami timur, mila sakalangkung kapêtêk putêking galih, wêkasan pamitan dhatêng Adipati Danurêja: Uwa patih, aku lilanana arêp mêtu marang jaba, nêdya ngenggar-enggar pikir sadhela.

--- 30 ---

Wangsulanipun Patih Danurêja: Dhuh anggèr sampeyan sampun miyos saking kadhaton, awit lêrêsipun botên kenging, prayogi ngenggar-enggar panggalih wontên salêbêting pura kemawon, Pangeran Adipati Arya Mangkunagara mêksa miyos dhatêng srimanganti, pinarak wontên ing pasowanan, Patih Danurêja ugi andhèrèkakên, sarêng sampun sawatawis lajêng matur: Anggèr, sampun dangu sumôngga sami wangsul lumêbêt ing kadhaton malih, mugi sampun kathah-kathah ingkang karaosakên, lakar paduka putra ingkang sêpuh piyambak, sintên ingkang sayogi gumantos jumênêng nata, kajawi amung anggèr. Pangeran Adipati Arya Mangkunagara dèrèng karsa wangsul, amung angecani pangandika: Iya mêngko uwa antèkna sadhela, malah lajêng miyos malih tindak dhatêng pagêlaran, pinarak wontên ing bangsal pangrawit. Patih Danurêja taksih kêkinthil, sarwi sangêt-sangêt anggènipun tansah ngaturi wangsul, ananging Pangeran Adipati Arya Mangkunagara mêksa dèrèng karsa wangsul. Sampun dilalah karsaning Allah, kêdah dados jalaran panjanging lêlampahan, Patih Danurêja rumaos botên dipun paèlu, têmahan sakit manahipun, ing ngriku katungka utusanipun Kangjêng Ratu Agêng animbali Patih Danurêja, mila Pangeran Adipati Arya Mangkunagara lajêng katilar piyambak. Patih Danurêja enggal-enggal wangsul lumêbêt ing dhatulaya, sasampuning sowan Kangjêng Ratu Agêng, lajêng dipun jak pêpanggihan kalihan tuwan kapitan kumandhan, wigatosing rêmbag, Kangjêng Ratu Agêng pêrlu amasrahakên ingkang putra Pangeran Adipati Anom, kaborongakên dhatêng tuwan kapitan, sagêdipun jumênêng nata anggêntosi kaprabonipun ingkang rama, kalihan lampah sêsidhêman, Kangjêng Ratu Agêng karsa amaringi bêbana dhatêng tuwan kapitan, warni [war...]

--- 31 ---

[...ni] rajabrana sapratiganing kagunganipun, sarêng sampun sami golong ing rêmbag, nuntên bibaran, tuwan kapitan ugi lajêng ngaturi sêrat pamrayogi dhatêng ing Batawi, kalayan lampah sêsiliban. Patih Danurêja enggal andhawuhakên nutup gapuraning karaton mawi kajaga dening Kumpêni, saha dhawuh animbali para bopati nayaka môncanagari tuwin pasisir, supados sami sowan malêbêt mêdal ing kori bêbutulan. Sarêng para bopati sampun kalampahan ngalêmpak sadaya, ing ngriku Patih Danurêja lajêng amêdharakên wacana, mila kônca sadaya kula ajak parêpatan, kula nêdha timbangan jêngandika, samangke kula badhe damêl sêrat katur dhatêng ing Batawi, suraos sampun mupakat para prikônca nyuwunakên idi jumênêngipun nata Pangeran Adipati Anom, anggêntosi kaprabonipun ingkang rama swargi. Sadaya para bopati botên wontên ingkang purun mangsuli, ciptaning manahipun dupèh Pangeran Adipati Anom taksih timur, amung Pangeran Madurarêja ingkang mangsuli, têmbungipun: Manawi condhong kalihan karsanipun kiyai lurah, aluwung putra ingkang sêpuh Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, kula mrayogèkakên gumantosa jumênêng nata, awit panggalihanipun jêmbar, sarta sampun katitik sagêd momong dhatêng para sadhèrèk, bokmanawi pawingkingipun, nagari badhe manggih rahayu, miwah tata têntrêm. Manawi putra ingkang taksih timur kajumênêngakên nata, pandugi kula ing wingking botên wande badhe nuwuhakên rêngkaning nagari, awit dèrèng sagêd angyêktosi mênggahing lêrês lêpat, kabêkta taksih kêneman, dados dèrèng sagêd ajêg panggalihanipun, bingah nuju kagungan karsa ngadat botên kenging kapambêngan. Ki Dipati Jayaningrat ugi anyambêti rêmbag: Saking pamanggih kula mrayogèkakên amiliha [a...]

--- 32 ---

[...miliha] putra ingkang sampun diwasa salah satunggal, nanging ingkang bagus warninipun, sarta ingkang sêmbada pasang sariranipun, awit putra ingkang sêpuh piyambak punika sayêktosipun warninipun kirang bagus, dêdêg ngadêg tuwin sariranipun kirang mungguh, dados taksih kuciwa ing sêmu upami jumênênga nata.

Sakathahing ginêm wau Patih Danurêja botên anyondhongi, nuntên damêl sêrat kados ingkang sampun dados kakêncênganipun piyambak, sasampunipun dipun capi, para bopati lajêng kinèn tumut angêcapi sangandhapipun, ugi sami manut angêcapi ngantos athirik-thirik, sarampungipun lajêng sami bibaran. Patih Danurêja nuntên amanggihi tuwan kapitan, masrahakên sêratipun wau, supados kaaturakên dhatêng ing Batawi. Kala samantên Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang wontên ing bangsal pangrawit sampun dipun aturi, saha karsa lajêng wangsul lumêbêt dhatêng ing dhatulaya malih.

Kawuwusa ing nagari Batawi, tuwan guprênur sarêng anampèni sêrat saking sang prabu ing Kartasura, dèrèng ngantos kawangsulan lajêng tampi sêratipun tuwan kapitan, sarta katungka sêratipun Patih Danurêja, nunggil suraos ngaturi pariksa bab sedanipun sang prabu, saha nyuwunakên idi ingkang sayogi gumantos umadêg nata, mila guprênur lajêng utusan kumêndur Tuwan Liyundriyan, kapatah ambêkta sêrat wangsulan, botên kacariyos lampahipun, wontên ing margi, sarêng badhe dumugi ing Kartasura wontên ing Banyudana kapêthukakên Pangeran Adipati Anom, dalah para putra santana, saha kadhèrèkakên dening Patih Danurêja, kanthi para bopati, ing ngriku Patih Danurêja ngaturakên Pangeran Adipati Anom, dhatêng tuwan kumêndur, mila lajêng nampèni [nampè...]

--- 33 ---

[...ni] sêrat wangsulan saking tuwan guprênur. Sarêng binuka suraosing wangsulan, putranipun sang prabu ingkang nampèni sêrat punika ingkang jumênêng nata anggêntosi ingkang rama. Pangeran Adipati Anom sasampuning nglairakên suka panarimahing panggalih, lajêng sami bidhal sêsarêngan, dumugining Kartasura dipun panggihi Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, mawi mratelakakên bilih sariranipun punika putranipun sang prabu ingkang sêpuh piyambak. Tuwan kumêndur kagèt, wangsulanipun: O, kadospundi punika wau, sêrat saking tuwan guprênur dipun tampèni rayi jêngandika Pangeran Adipati Anom, dados sampun kalajêng rayi jêngandika ingkang katamtokakên jumênêng nata. Pangeran Adipati Arya Mangkunagara mangsuli: Botên wontên bedanipun, kula kalihan adhi mas Pangeran Adipati Anom, jêr sami putra têtilaranipun kangjêng rama prabu. Tuwan kumêndur ugi lajêng angrêrapu: Sokur bage sèwu dene jêngandika kagungan panggalih ingkang luhur makatên, kula rumaos botên sagêd anginggahi. Sarêng sampun binojakrama sawatawis lajêng sami bibaran amakuwon sowang-sowang.

Enggaling cariyos sarêng ing dintên pasowanan para putra santana tuwin Patih Danurêja, dalah para bopati saandhahanipun, punapadene kyai pangulu kêtib pratikan ngulama saprikancanipun sampun sami pêpak sumewa sadaya, tuwan kumêndur nuntên manabda sora, ngêpyakakên bilih ing mangke Pangeran Adipati Anom kajunjung jumênêng nata, anggêntosi kaprabonipun ingkang rama, ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngadurahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping 2, ing Kartasura, saha lajêng katarik astanipun kalênggahakên ing dhampar. Para putra santana tuwin [tuwi...]

--- 34 ---

[...n] kawula sadaya sami angèstrèni, kyai pangulu lajêng andonga nurbuwah, dipun amini dening para ngulama sadaya. Sarampungipun Radèn Ngabèi Tirtawiguna, majêng wontên ing ngarsa nata, amaos sêrat prajanjian ingkang saking tuwan guprênur ing Batawi, Kumpêni mawi angurmati ungêling drèl barondongan tuwin mariyêm arambah-rambah. Para sadhèrèk ingkang kalêrês sêpuh nuntên sami asêsalaman, dene ingkang ênèm dalah para santana, punapadene patih saha para bopati, kang sarta kyai pangulu sakalerehanipun sami ngabêkti ing sang prabu gêntos-gêntos. Satêlasipun ingkang sinuhun lajêng jêngkar angadhaton, pinèngêtan marêngi dintên Sênèn, wulan Sura taun Alip, sinêngkalan ing warsi tinata raras tunggalSengkalan: ing warsi tinata raras tunggal (1651 A.J., 1727 A.D.). (bokmanawi lêrêsipun ing siti tinata raras tunggalSengkalan: ing siti tinata raras tunggal (1651 A.J., 1727 A.D.). dados, ôngka 1651) utawi ing taun Walandi nuju 1727. Kala samantên tuwan kumêndur anggènipun wontên ing Kartasura sawatawis dangu, sarêng sampun rampung sadaya saprêlunipun, nuntên nyuwun pamit ing sang prabu, saha lajêng bidhal wangsul dhatêng ing Batawi.

Amangsuli cariyos, jumênêngipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sarèhning taksih kirang yuswa, pramila pangwaosing karaton katindakakên dening pêpatih dalêm, amung tumrapipun kasêntanan mawi lêlayanan Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, makatên ugi Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sakalangkung pamomongipun dhatêng ingkang rayi Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kalayan ginulang-gulang bab pangastaning kaprabon, têmahan Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan dahat sihipun dhatêng ingkang raka Pangeran Adipati Arya Mangkunagara. Sarêng diwasanipun yuswa lajêng angasta pusaraning praja pribadi, ananging kalamangsanipun bilih nuju kataman pakèwêt, utawi ingkang pêrlu-pêrlu, inggih botên liya ingkang kakarsakakên [kakarsaka...]

--- 35 ---

[...kên] ngêmbat salajêngipun linaksanan, amung saking pamanggihipun ingkang raka Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, pramila Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ugi katumusan trêsna dhatêng ingkang rayi Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Nêngna malih, mênggah lêlampahanipun Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, garwanipun putri saking Kablitaran seda, sapêngkêring layonipun ingkang garwa, Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sangêt anandhang brôngta, tansah kèngêtan solah-bawanipun ingkang garwa agawang-gawangan. Ngantos supe dhahar sare, dumugining kawan dasa dintên sawêk marêk sowan Sênèn Kêmis. Sanadyan sampun wontên karsanipun badhe krama malih, ananging dèrèng wontên ingkang dados panujuning panggalih.

Kacariyos, wontên ampeyanipun sang prabu ingkang kakêbonakên, asli saking Samarang nama Mas Ayu Larasati, anakipun Dêmang Cakrayuda ing dhusun Karang, kawartos pranakan Cina, warninipun ayu amêrak ati, kulitanipun jêne amaya-maya, sampun dangu sinuhun botên karsa animbali. Ampeyan wau asring kintun sinjang tuwin konyoh dhatêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, kala sapisan kaping kalih botên karsa anampèni, awit kagalih botên prayogi kadadosanipun, ewadene mêksa tansah kintun kemawon, bokmanawi ugi winoran ing gunadhêsthi. Saking sagêdipun ingkang dados congkok, kanthi luwêsing pamiluta amêlasasih, Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kagiwang panggalihipun, wêkasan karsa anglanggati mêmanising ginêm, satêmah wontên ingkang wêwadul ing sang prabu, pratingkahing ampeyan wau anggèning lambang asmara kalihan kangjêng pangeran, sanalika sang prabu lajêng botên rêna panggalihipun dhatêng ingkang raka, sasolah-bawanipun [sa...]

--- 36 ---

[...solah-bawanipun] tansah ingewanan. Sarêng sampun sawatawis lami, dumadakan Pangeran Adipati Arya Mangkunagara katuwuhan panggalih ngarah apa, kamipurun canthèl atur konjuk ing sang prabu, sarèhning ampeyan ingkang kakêbonakên pancèn sampun botên kagêm, manawi kaparêng kasuwun piyambak. Sang nata sarêng midhangêt atur ingkang makatên, punika kados ginugah dukanipun, sampuna èngêt yèn kadang sêpuh saèstu sampun kawisesa ing pidana, dados amung sinamun ing netya supados sampun kawistara ing kathah, amargi ingkang garwa pinuju bobot sêpuh, ananging gêtêm-gêtêming panggalih botên kenging sinirêp.

Kacariyos, Patih Danurêja ingkang tansah angulat-ulatakên obah osiking karaton, sarêng pirsa yèn sang prabu anahên duhkita awit saking angampêt duka dhatêng ingkang raka Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, mila enggal lumêbêt ing kadhaton sowan sang nata piyambakan, angaturi pamrayogi, supados ingkang raka wau kapasrahakên dhatêng Kumpêni, sagêda kasingkirakên dhatêng ing pambucalan, murih sampun ngantos wontên ingkang ngregoni jumênêngipun sang nata ngasta pusaraning praja. Ingkang sinuhun sarêng miyarsa aturing patih makatên wau, sakalangkung lêganing panggalih, dene katuju ingkang dados karsanipun, mila Patih Danurêja kalilan mundur lajêng andhawuhna punapa sapêrlunipun, dumugining jawi animbali Adipati Cakraningrat, dipun wangsit ingkang dados karsanipun sang prabu, sarêng enjingipun Pangeran Adipati Arya Mangkunagara dipun irid dhatêng ing ngloji, sadumugining ngloji datan sarônta lajêng kasikêp saking wingking, saha lajêng kapasrahakên dhatêng Kumpêni, kalayan andhawuhakên ingkang dados kaparêngipun ingkang sinuhun, sanalika wontên gara-gara ing ngakasa mêndhung dhêdhêt angêndhanu, jawah

--- 37 ---

dêrês kêlatkilat. thathit aliwêran mawi lesus kadi pinusus, kêkajêngan sami sol sawênèh abosah-basih, têtiyang sanagari sami tintrim akêtir-kêtir, pratôndha satriya têdhaking kusuma anandhang sangsara, dene garwa putra dipun kaboyongan dhatêng dhatulaya, ing dalêmipun kadhawuhan anjarahi. Angkatipun Pangeran Adipati Arya Mangkunagara dhatêng ing Samarang, mawi kairid bopati kalih, 1. Radèn Tumênggung Natamijaya, 2. Ki Tumênggung Nitinagara, ingkang kalilan andhèrèk mung sêlir kêkalih, pawongan tiga, putra kakung satunggal ingkang pambajêng nama Radèn Mas Ngali, abdi jalêr wolu kalêbêt patihipun nama Ki Mas Sumadijaya, dumugining Samarang kalajêngakên dhatêng Batawi. Sapêngkêripun Pangeran Adipati Arya Mangkunagara wau sang prabu saya muntab panggalihipun, sadaya dhêdhawuhanipun katingal sawênang-wênang, têtiyang sanagari sami miris angêmu prihatos, awit sapisan kendhangipun Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sakalangkung amêlasarsa awit botên timbang kalihan dosanipun, kaping kalih sadaya ingkang dados karsanipun sang nata botên wontên ingkang purun amambêngi, bilih ngantos kalajêng-lajêng botên wande badhe wontên dêdukaning Kang Maha Sukci ingkang anjalari rêngkaning nagari Kartasura.

Anyarêngi lêlampahan, kala samantên Patih Danurêja sabên taun kautus dhatêng Batawi, anampani pajêg saking pasisir, sarta apêpetangan kalihan Kumpêni, têlasipun prabeyaning pêrang, tuwin sanès-sanèsipun lêladosan ingkang dados pundhutanipun sang prabu, bidhalipun saking Kartasura nuju ing wulan Sura taun Jimawal, sinangkalan mantri gangsal ngrasa waniSengkalan: mantri gangsal ngrasa wani (1653 A.J., 1728/29 A.D.). 1653 kadhèrèkakên: 1. Lurah Carik Radèn Ngabèi Tirtawiguna, 2. Ki Arya Jayasantika, bopati ing Kudus, 3. bopati ing Batang, mawi ambêkta pisungsung warni-warni ingkang

--- 38 ---

badhe katur tuwan guprênur. Wontên ing Samarang kèndêl pitung dalu lajêng mancal numpak baita layar, dumugining Batawi kapêthuk dening komisaris Tuwan Mantras, Mayor Tuwan Pagêrtut, Mayor Samus, tumurunipun saking baita sami têtabean, kalihan para tuwan ingkang sami mêthuk, sarta lajêng sami nitih kareta kabêkta dhatêng pondhokanipun kiyai patih, sarêng sampun lêrêp tigang dintên, sowanipun ki patih ing tuwan guprênur dhatêng kutha intên, mawi dipun pêthuk kareta, kalayan ngirid nawalanipun sang nata, ingkang kaampil ing bopati mawi kasongsongan jêne. Sarêng sêrat sampun katampèn Tuwan Guprênur Matius Drahman, lajêng kaurmatan ungêling mariyêm arambah-rambah. Tuwan guprênur nuntên andangu: Ki patih sapêngkêr andika punapa sang prabu sami basuki. Atur wangsulanipun ki patih: Inggih saking barkah paduka sami kasugêngan. Tuwan guprênur lajêng andangu malih bab kawontênanipun pêrang ing tanah wetan. Aturipun patih ragi wontên salingsinganipun, ngantos tuwan guprênur katingal rêngu, mila ki patih lajêng kadhawuhan dhatêng ing gêdhong pêngkêran, badhe kakarsakakên ngandikan piyambakan, ingkang kalilan andhèrèk amung juru basa. Sarêng sampun wontên salêbêting gêdhong Adipati Danurêja angaturi arta: 2000 rupiyah. Tuwan guprênur sakalangkung kagèt, ngantos pasuryanipun katingal anjêrbabak, dene pêpatihipun ingkang sinuhun têka anggadhahi pratingkah ingkang kados makatên, mila dèrèng dangu anggènipun ngandikan lajêng kapunggêl, kyai patih kalilan wangsul dhatêng ing pondhokanipun malih. Sadumugining pondhokan, rumaos piduwung anggènipun lajêng kamipurun angaturi rêruba dhatêng tuwan guprênur.

Kacariyos, salêbêtipun wontên ing Batawi, Patih Danurêja sabên katimbalan dhatêng kantor bicara, kadangu kawontênanipun nagari Kartasura, [Karta...]

--- 39 ---

[...sura,] paturanipun tansah botên kalêrêsan, sarta kawêlèh-wêlèh ingkang dados wêwinihing kêkajênganipun, mila sampun rambah-rambah sabên nyuwun pamit mantuk dèrèng kalilan taksih dipun andhêg kemawon, ngantos kiyai patih rumaos dipun ukum aris-arisan.

Nuju satunggaling dintên, Komisaris Mantras, dhatêng pondhokanipun kiyai patih, angêmban dhawuhipun tuwan guprênur kapurih rêmbagan bab dhaharipun Pangeran Adipati Arya Mangkunagara. Mênggah saking pamrayogènipun ki patih pintên. Wangsulanipun Adipati Danurêja: Punika jêngandika pantês piyambak kemawon, kula kantuna ambayar sabên taun sapisan. Tuwan komisaris lajêng mratelakakên petang kula sabên wulan têlas 300 rupiyah, nanging Kumpêni taksih ngladosi minuman tuwin jampi-jampi. Patih Danurêja mangsuli: Manawi samantên punapa botên kêkathahên, kajawi punika kula dipun wêling ijêman ing sang prabu, ngenggalakên Pangeran Adipati Arya Mangkunagara wau, tumuntênipun kakendhangakên dhatêng pambucalan, sampun ngantos kalamèn wontên ing ngriki. Komisaris Mantras sarêng midhangêt asêmu kagèt sarwi mangsuli: Saudara, sampun jêngandika asalah gawe, têmbung sajabaning layang kang andika wêcakake, sanadyan têmêna wêlinge sang prabu, nanging jêngandika kang manggih cacad. Saèstunipun tuwan guprênur saya wêwah kirang rênaning panggalihipun, têtela yèn jêngandika piyambak ingkang andamêl risaking para santana. Patih Danurêja lajêng ngrêrêpa: O, inggih sakalangkung trima kasih kula dhatêng saudara, dene karsa ngèngêtakên katliwênging manah kula, mila wêlingipun sang prabu wau mugi sampun ngantos katur ing tuwan guprênur. Sarampunging ginêm Tuwan Mantras lajêng têtabean pamit mantuk.

--- 40 ---

wondene Radèn Adipati Danurêja, anggènipun wontên ing Batawi anandhang sungkawa, awit saking dipun pitambuhi dening tuwan guprênur, wah sampun lami dèrèng kalilan mantuk, môngka botên nate katimbalan, mila sakalangkung prihatosing manahipun, tansah angirangi dhahar tuwin sare, ingkang dipun têtêdha mugi angsala pangapuraning Pangeran, sagêdipun tumuntên mantuk dhatêng ing Kartasura. Sarêng sampun angsal tigawêlas wulan laminipun, sawêg kalilan mantuk, mawi dipun bêktani sêrat wangsulan ingkang konjuk ing sang prabu. Sanalika Patih Danurêja sakalangkung bingah, saha tumuntên bidhal numpak baita, sadumugining Samarang dipun urmati dening tuwan kumêndur, ngantos sipêng tigang dalu, lajêng andumugèkakên lampah, sadhatêngipun ing nagari Kartasura adamêl gêdêripun têtiyang sanagari, tansah sami jawil-jinawil sarta rêraosan dene kyai patih anggènipun dhatêng ing Batawi ngantos lami sawêk mantuk, punapa ingkang dados wigatosipun. Sarêng sampun dumugi ngarsanipun ingkang sinuhun, Patih Danurêja nyungkêmi pada, sarta botên kenging dipun ampah wêdalipun luh, têmahan nangis sênggruk-sênggruk ngantos kamisêsêgên, sasampunipun sarèh lajêng angunjukakên sêrat wangsulan, miwah angaturakên kawontênanipun salêbêting wontên ing Batawi, sasampunipun Patih Danurêja lajêng kalilan mundur saking ing dhatulaya. Sigêg.

Gêntos kacariyos, wontên gêmpalaning kôndha saking môncanagari, tukang pêkên ing Kalangbrèt rêraosan dhatêng lurahipun Adipati Mataun, bilih wontên tiyang ulah martapa nama Ki Sèh Wanawasa, langkung dakik ginêmipun, mawi amêca bilih ing nagari Kartasura badhe wontên santana ingkang thukul, surasêkti môndraguna pilih tandhingipun ing ayuda, malah ngantos sagêd jumênêng nata, dene satunggalipun pinasthi [pi...]

--- 41 ---

[...nasthi] dados prajurit linangkung, putus dhatêng ulah gêlaring aprang. Ki Mataun sarêng midhangêtakên lajêng tuwuh panggraitanipun, tiyang martapa ingkang mêmêca wau rinasuk inganggêp tiyang sêpuh, sarêng sowan dhatêng nagari Kartasura Ki Sèh Wanawasa kabêkta, kasowanakên Ki Patih Danurêja. Ki Mataun anyariyosakên kawaskithanipun, Radèn Adipati Danurêja sêmu ngina, kaya apa mungguh kawaspadane wong ing desa, têka kumaki têmên, ewadene inggih lajêng katimbalan, pinanggihan wontên ing langgar pêngkêran. Sasampunipun satata linggih, dinangu kalihan piyambakan, têmbungipun kiyai patih: Hèh sanak, coba kaya napa pamawas andika mungguh para satriya lan para bopati ing Kartasura kabèh, napa wontên walangsangkêre kang mrojol saka têkêmane Danurêja, utawa sing wani-wani nêrak pêpalang kang mêtu saking pêpalang, saka pangrasa kula nagara ing Kartasura isia macan galak salêksa, banthèng ngamuk sakêthi, yèn taksih Si Danurêja mêsthi padha mati ontên têkêman kula, kadipundi kaki napa badhe botên makatên.

Wangsulanipun Ki Sèh Wanawasa: Dhuh lêlurahing jagat, kula nyuwun pangapuntên kamipurun umatur pasaja, sadaya lêlampahan ingkang sampun pinasthi, botên kenging dinuwa saking sarana, sanadyan pinêndhêma ing bumi sap pitu, bilih sampun dumugi ing mangsanipun, siti wau têmahan ambalêdhag, ingkang kapêndhêm sagêd anjêbos, makatên punika sampun tinamtu botên kenging oncat. Ki patih ngandika malih: Coba dika dumuk amrih lêganing ati kula sintên wonge kang moncol ing lêlakon, amêsthi ajur dening ihtiyar.

Aturipun Ki Wanawasa: Manawi kiyai patih kêdah andangu, saking panawang kula, 1. Radèn Mas Sujana inggih Pangeran Mangkubumi, 2.

--- 42 ---

Radèn Mas Said, ingkang taksih timur, punika benjing botên wontên ingkang nglêgewa, têka lajêng kasumêrêpan thukul kaprawiranipun, anggègèrakên jagat, awrat sinôngga ing pêrang wêkasan Radèn Mas Sujana sagêd anggêmpal lêlampahan.

Sawêg nêdhêngipun sami rêrêmbagan, kasaru wontên abdi atur uninga, bilih Nyai Sêtyawati dhatêng kautus Kangjêng Ratu Agêng, Ki Mataun kalihan Ki Sèh Wanawasa, kadhawuhan ngêntosi sami lêlinggihan. Patih Danurêja lajêng anilar mêdal manggihi utusan wau. Nyai Sêtyawati matur abêbisik, bilih angêmban timbalanipun Kangjêng Ratu Agêng, paring uninga nalika ing dintên malêm Jumungah, supêna katingal rêmbulan coplok saking ngantariksa, sarwi dipun lokakên ing ngakathah. Rêmbulan wau ngleyang sumangsang ing wit randhu, nuntên katingal Pangeran Mangkubumi ambêkta gèntèr, rêmbulan kasènggèt dhawah ing pangkon kacêpêng lajêng kadhahar, sawêg têlas sapalih lajêng kabucal, rêmbulan wangsul ing dunungipun sarwi kaêlokakên ing tiyang kathah, tumuntên dhawah malih kantun sasigar, kadhahar dening Radèn Mas Said. Sawêg têlas sakêdhik Kangjêng Ratu Agêng kasêlak wungu. Kyai patih sarêng mirêng cariyosipun Nyai Sêtyawati lajêng anjêtung sangêt ing pangungunipun, dene kawontênaning supênan, têka mèmpêr kalihan pamêcanipun Ki Sèh Wanawasa. Nyai Sêtyawati sumêrêp pasêmonipun kiyai patih anahên duhkita, lajêng anusuli atur: Saking wêlingipun Kangjêng Ratu Agêng prakawis punika kaborongakên ing jêngandika, awit ing batos sakalangkung sêkêl ngêmu mêlang-mêlang, dene ingkang katingal wontên ing pasupênan Pangeran Mangkubumi tuwin Radèn Mas Said, punika kadospundi wahananipun. Patih Danurêja mangsuli sarwi bêbisik, wontên wêcaning gaib, Pangeran Mangkubumi kalihan Radèn [Ra...]

--- 43 ---

[...dèn] Mas Said punika ingkang badhe ambêbayani.

Nyai Sêtyawati nyambungi wicantên: Yèn makatên punapa botên prayogi kalih pisan wau kacupêt lêlampahanipun. Patih Danurêja mangsuli: Prakawis ingkang makatên punika dèrèng kenging katamtokakên, upami amidosa ingkang dèrèng nyata, saèstu manggih duraka, badhe angsal sêsikunipun Kang Maha Kuwasa, mila saking atur panuwun kula mugi sampun anggêga supênan, mindhak saya anipisakên tekad, botên langkung amung pêjah gêsang kula katura Gusti Kangjêng Ratu Agêng, dene kamipurun anggadhahi atur ingkang samantên wau. Nyai Sêtyawati ugi lajêng pamit wangsul dhatêng ing kadhaton.

Sapêngkêring utusan, kyai patih manggihi Ki Sèh Wanawasa malih, sawêg lumêbêt ing kontên, Ki Sèh Wanawasa dhèhèm, nyasmitani bilih sampun andugi punapa wigatosipun ingkang mêntas karêmbag. Kyai patih ugi anggraita sêmu anggragap, sampun nyana yèn kawadaka ing wêwadosipun, mila lajêng ngandika: Dhuh ki raka, punapa inggih badhe mênangi saujaring wirayat jêngandika wau. Ki Sèh Wanawasa lajêng ngumpêtakên tanganipun kalihan anggêgêm, sarwi umatur: Kyai patih sumôngga kabatanga ingkang kula gêgêm punika punapa. Adipati Danurêja mratelakakên yèn botên sumêrêp. Ki Sèh Wanawasa lajêng ngêgarakên tanganipun mawi mungêl sora, ambak ambing wiji gadhung. Kiyai patih lajêng angrêrêpa: Awit saking tunaning panggraita kula, mugi dipun wêdharna ingkang prasaja, Ki Sèh Wanawasa wicantên malih: Kyai patih wau sampun walèh piyambak yèn botên sumêrêp, inggih dados botên mênangi hara-huruning nagari, dene wiji gadhung punika têtêdhan ingkang ngêndêmi, awit kiyai patih kasêlak nandhang sungkawa, amanggih lêlampahan sanès, Adipati

--- 44 ---

Danurêja sarêng midhangêt pamêcanipun Ki Sèh Wanawasa, sangêt ngêrês ing panggalihipun, lajêng tumungkul sarwi waspanipun akêkotos, nanging lajêng angèsthi pêpuntoning tekad, têmah narimah sumarah Ingkang Murbèng Titah, wusana ngandika dhatêng Ki Mataun: Wiwit samêngko aku mèlu ngêpèk wong tuwa marang Ki Sèh Wanawasa, mulane sabên garêbêg jakên milu seba marang ing Kartasura. Aturipun Ki Mataun inggih sandika, sarta lajêng sami kalilan mantuk.

Kacariyos, kala samantên Adipati Jayaningrat ing Pakalongan gadhah sadhèrèk jalêr ingkang kanggêp pasuwitanipun saha sangêt dipun sihi ing sang prabu, mila Adipati Jayaningrat anggubêl dhatêng Tumênggung Tirtawiguna, supados sadhèrèkipun jalêr wau kasuwunakên pangkat bopati. Tumênggung Tirtawiguna ugi anyagahi, kalampahan lajêng munjuk ingkang sinuhun kanthi mratelakakên saening lêlabêtanipun akatah-kathah, mila sang nata lajêng marêngakên, gêgadhuhanipun lênggah siti kadhawuhan ngêmpalakên kalihan lênggahing sadhèrèkipun sêpuh dados 1000 karya, sarta kapatêdhan nama Tumênggung Suradiningrat saha lajêng kadhawahakên nuju pasowanan ing dintên Kêmis. Kala samantên sang prabu botên angèngêti wiradating nagari, jalaran anggènipun nêtêpakên pamisudhanipun wau botên lumantar ing kapatihan, mila sarêng Adipati Danurêja mirêng bab wau, sakalangkung dukanipun, mèh kemawon bopati ingkang mêntas kawisudha badhe kasuduk wontên ing ngajêngan, ananging lajêng èngêt yèn ingkang jumênêng narendra taksih taruna, ewadene muring-muringipun botên kenging dipun ampah, nêdya ngêncêngi adat tindaking nagari, kalênggahanipun Tumênggung Suradiningrat wau kadhawuhan andhèdhèl.

--- 45 ---

Kacariyos, sang nata mirêng yèn kalênggahanipun Tumênggung Suradiningrat kalorod saking kajêngipun patih piyambak, sanalika sangêt ing dukanipun, sih trêsnanipun dhatêng Adipati Danurêja ical babar pisan, enggal animbali lurahing carik Tumênggung Tirtawiguna, akalihan Ki Wirajaya. Sasampunipun sumewa tampi dhawuh: Hèh Tirtawiguna, ingsun gawèkna layang marang tuwan guprênur, yèn ing mêngko ingsun wis ora angabdèkake marang Adipati Danurêja, ingsun titip marang Kumpêni, supaya tumuli disingkirake saka nagara Kartasura, dibuwanga marang tanah sabrang. Sanalika sêrat lajêng kadamêl miturut timbalanipun sang prabu, sasampunipun katetesan asma cap, lajêng kabêkta mêdal saking dhatulaya.

Rikala samantên Kangjêng Ratu Agêng angsal pawartos, bilih ingkang sinuhun sakalangkung duka dhatêng Patih Danurêja, mila enggal-enggal karsa manggihi ingkang putra, nuntên ngandika sêmu angarih-arih: Dhuh anggèr, gonmu dêduka marang uwakamu Danurêja ambok iya wis aja kadawa-dawa, muga èngêtana bêcike, lêlabêtane marang suwargi ramanta tumêkane saprene, karana Patih Danurêja iku panasthi kang ngêmbani jumênêngmu nata. Sang prabu amangsuli atur kalayan sugal: Lah inggih ibu, yèn Danurêja pinasthi ing Pangeran kêdah dados patih, kapuriha pados ratu sanèsipun kula kemawon. Kangjêng Ratu Agêng karaos anglês salêbêting panggalih, lajêng mundur palarasan sarta arawat waspa.

Sarêng enjingipun Tumênggung Tirtawiguna ambêkta nawalanipun sang prabu dhatêng ing ngloji, katampèkakên ing tuwan kumandhan saha kawêca ing sapêrlunipun. Botên kacariyos ing lampahipun, dumugining Batawi [Ba...]

--- 46 ---

[...tawi] sasampuning katampèn dening tuwan guprênur, lajêng karsa rêmbagan kalihan para rad Kumpêni, pinanggihing rêmbag anglêstantunakên ingkang dados karsanipun ingkang sinuhun. Mila lajêng utusan Dêlèr Tuwan Kunyit lumampah dhatêng Samarang, supados nyêpêng Adipati Danurêja, samôngsa dhatêng wontên ing Samarang, mawi winêling-wêling ing sawigatosipun.

Gêntos kacariyos, kala samantên pêpatih ing Kartasura sabên tanggaping taun, tamtu dhatêng ing Samarang, nampèni arta pambayaring têmpuranipun Kumpêni, mila sarêng ing wulan Sura, Adipati Danurêja ugi dhatêng ing Samarang kados adat, ing ngriku lajêng kacêpêng linêbêtakên ing pawarangan, sadaya ingkang sami sumêrêp sakalangkung ngungun, dalah para tiyang saisining nagari Samarang, sami rêraosan, punapa mênggah ingkang dados kalêpatanipun, dene wiwit ênèm dumugining sêpuh anggènipun dados patih angêmbani nagari dèrèng nate amanggih cacad, sawêg punika ratu mudha karsa amidosa dhatêng pêpatihipun ingkang sampun wêrda, sawênèh wontên ingkang mangsuli: Bokmanawi punika wêwalêsipun Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ingkang pinidana tanpa dosa, awit Gusti Allah ingkang maha adil, rintên dalu tansah ngudanèni ing sasolah-bawaning kawulanipun.

Wusana sarêng ingkang sinuhun kaaturan uninga, lajêng dhêdhawuh anjarahi barang gadhahanipun Adipati Danurêja, sarta para pawèstri dipun boyongi dhatêng salêbêting karaton.

Sanès dintên Tuwan Dêlèr Kunyit sowan dhatêng ing Kartasura, lajêng katampèn dhatêng sang nata kalihan suka pirênaning panggalih, awit piyambakipun ingkang sampun kinèn anglampahi dhawuhipun sang prabu, anyirnakakên sêsukêring nagari, mila tansah sinuba-suba ing boga drawina. Sarêng [Sa...]

--- 47 ---

[...rêng] nuju ing dintên pasowanan, sang nata miyos ing pagêlaran, tuwan dêlèr, tuwan kumêndur, tuwin tuwan kapitan kumandhan, ugi sami pinarêk ing ngarsa nata para nayaka para bopati dalah sakalerehanipun sampun sami sumewa sadaya, ing ngriku tuwan dêlèr lajêng ambyawarakakên, bilih awit saking kaparêngipun ingkang sinuhun, ing mangke Radèn Tumênggung Natamijaya kawisudha dados pêpatih wisesa, kapatêdhan nama Adipati Natakusuma, sasampuning sami ingestrenan, sang prabu lajêng jêngkar angadhaton. Sanès dintên tuwan dêlèr kalilan mantuk, sadumugining Samarang ambêkta Patih Danurêja, sarêng wontên ing Batawi lajêng tata-tata baita ingkang badhe katumpakan Adipati Danurêja dhatêng ing pambucalan.

Gêntos kawuwusa, Pangeran Adipati Arya Mangkunagara anggènipun dipun andhêg wontên ing Batawi ngantos tigang taun, bidhalipun dhatêng pambucalan ing tanah Kap sawêk sawulan, dèrèng dumugi ing panggenan, jalaran lampahing baita botên sagêd angsal angin sae, tansah kumbak-kumbul wontên satêngahing lautan, tumuntên katungka baita ingkang ambêkta Patih Danurêja, wontên ing margi nêmahi kabilaèn, katêmpuh ing prahara, ngantos tiyanging baita pokah, lampahipun sapurug-purug, dumadakan saking karsaning Allah badhe kangge mamêlèh ing lêlampahan, sarêng kabuncang cêlak kalihan baitanipun Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, baitanipun Patih Danurêja wau rêmuk, para tiyang isining baita pating barêngok sami kacêmplung ing sagantên, sawênèh wontên ingkang sagêd anglangi, salong wontên ingkang angsal cêpêngan kajêng pêcahaning baita. Ing ngriku sarêng mirêng suwaraning tiyang pating jalêrit, Pangeran Adipati Arya Mangkunagara tuwin tuwan kapitan sami mêdal dhatêng ing ngêdhèg, sakangsal-angsal anulungi

--- 48 ---

para tiyang ingkang sami pating kurambang wontên ing sagantên. Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sagêd anyandhak tanganipun tiyang jalêr sampun sêpuh, lajêng katarik minggah wontên ing ngêdhèg, tiyang wau sampun botên sagêd anggulawat, sarêng dipun waspadakakên inggih punika Patih Danurêja, mila panggalihipun sakalangkung kagèt, dene botên nyana pisan-pisan, mila gugup pangupakaranipun, ing sapikantukipun. Sarêng sampun èngêt saha sagêd pramana paningalipun, yèn ingkang mitulungi Pangeran Arya Mangkunagara, Patih Danurêja lajêng anungkêmi pangkonipun sarwi anangis ngantos sêsêgên asênggruk-sênggruk. Pangeran Adipati Arya Mangkunagara lajêng andangu: Kapriye dene uwa patih nganti kasusulake lêlakonku anêmahi sangsara kang luwih bangêt. Wangsulanipun Adipati Dasnurêja: Dhuh anggèr botên kadosa anggèn kula sêtya tuhu rumêksa nagari saha kaprabonipun rayi paduka, wêkasan anêmahi kados makatên, mila rumaos angsal sêsikuning Pangeran, mawi kawêlèhakên anggèr ingkang mitulungi gêsang, botên langkung sèwu-sèwu kalêpatanipun badan kula mugi wontêna pangapuntênipun bêndara, têrus lair batos. Pangandikanipun Pangeran Adipati Arya Mangkunagara: Iya uwis ta uwa, aja akèh-akèh kang korasakake, mundhak amuwuhi karônta-rantaning ati, pupusên ing pêpasthèn, manungsa amung sadarêma anglakoni. Patih Danurêja lajêng kabêkta dhatêng ing kamar kasantunan pangangge, tuwin dipun ajak kêmbul bujana ing sawontênipun, wusana baita lajêng laju lampahipun, awit angsal angin sae samargi-margi Adipati Danurêja tansah nyariyosakên kawontênanipun nagari Kartasura sapêngkêripun kajêngkangjêng. pangeran, wiwitan dumugi wêkasan, malah ngantos amêdharakên [amêdhar...]

--- 49 ---

[...akên] wêcanipun Ki Sèh Wanawasa, mila Pangeran Adipati Arya Mangkunagara dahat angungun, wêkasan sokur ing Pangeran, saha nalôngsa salêbêting panggalih.

Enggaling cariyos, sarêng baita sampun dumugi ing panggenan, Patih Danurêja kaprênahakên piyambak, Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kadunungakên wontên ing nagari Kap, inggih punika pojoking tanah Aprikah ingkang sisih kidul, ngantos dumugi sedanipun, ananging layonipun kakondurakên dhatêng tanah Jawi, sumare ing astana Imagiri, amung para putra wangsulipun sangking pambucalan, lajêng katrêm dêdalêm wontên ing Batawi.

Wondene putranipun Pangeran Adipati Arya Mangkunagara wau sadaya 16, wontên ingkang miyos ing Kartasura, salong miyos nalika kaandhêg wontên ing Batawi, sawênèh kawiyosakên sasampuning wontên nagari Kap, mênggah pratelanipun urut sêpuh kados ing ngandhap punika.

1. Radèn Mas Ngali, saking garwa putri ing Madura, diwasanipun asma Pangeran Tirtakusuma ing Pancuran.

2. Radèn Mas Umar, saking garwa putri ing Kablitaran, seda timur.

3. Radèn Mas Said, saking garwa putri ing Kablitaran, diwasanipun ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang sapisan ing Surakarta, apêparab Kangjêng Gusti Ingkang Saking Lêlana, misuwuring asma Sambêrnyawa.

4. Radèn Mas Sakadi, saking garwa ampeyan, seda timur.

5. Putri saking ampeyan, dèrèng nama lajêng seda.

6. Radèn Mas Ambiya, saking ampeyan, diwasanipun nama Pangeran [Pange...]

--- 50 ---

[...ran] Pamot.

7. Radèn Mas Sabar, saking ampeyan, diwasanipun nama Pangeran Arya Mangkudiningrat.

8. Radèn Ayu Tirtawiguna, saking ampeyan, lajêng krama malih nama Radèn Ayu Puspakusuma.

9. Kakung saking ampeyan, dèrèng nama seda.

10. Radèn Ayu Tirtayuda, ing Nglorog tanah Pacitan, saking ampeyan.

11. Pangeran Kap, saking ampeyan.

12. Radèn Ayu Mangkuyuda, saking ampeyan.

13. Radèn Mas Arya Toyakusuma, saking ampeyan.

14. Radèn Mas Arya Warihkusuma, saking ampeyan.

15. Radèn Mas Arya Ranukusuma, saking ampeyan.

16. Radèn Ayu Mangunyuda, ing Banyumas, saking ampeyan.

Bab 3. Lêlampahanipun Radèn Mas Suryakusuma (Said) Sapêngkêripun ingkang Rama Kakendhangakên Ngantos Dumugining Lêlana Andon Yuda

Amangsuli cariyos, kawontênanipun ing nagari Kartasura, sapêngkêripun Pangeran Adipati Mangkunagara kakendhangakên, panggalih dalêm ingkang sinuhun lajêng mungkar botên wontên ingkang dipun èringi, saha botên karsa ngagêm atur pirêmbagipun para nayaka, amung ngagêm karsanipun piyambak, têmahan adiling praja Kartasura prasasat ical babarpisan, [ba...]

--- 51 ---

[...barpisan,] putraning para pangeran, sarta anakipun para bopati, manawi rama utawi bapakipun tilar donya, putra sarta anak wau sami botên kagêntosakên ing kalênggahanipun, makatên malih ingkang sinuhun kagungan tindak sawênang-wênang, anyedani Pangeran Têpasana, ingkang botên dosa. Ing ngriku sadaya kawula tiyang alit, botên kantênan pangidhêping manah, amargi panggalih dalêm ingkang sinuhun botên têtêp, sakêdhap angayomi dhatêng Cina, sakêdhap angayomi Kumpêni, têmahan nagari Kartasura awayang-wuyungan. Adipati Martapura kakên manahipun, jalaran dipun cidrani ingkang sinuhun, mila Adipati Martapura lajêng ngêmpal pisan kalihan Cina. Radèn Mas Garêndi, inggih punika putranipun Pangeran Têpasana, ingkang dipun uyun-uyun dening Cina, kajumênêngakên nata, ajêjuluk Sunan Kuning, dipun aturi anggêpuk nagari Kartasura. Adipati Martapura anggènipun gadhah pikajêng ingkang makatên wau, botên melikakên dhatêng karaton, amung kabêkta saking kakêning manah, ngantos kawêdal wicantênipun dhatêng para Cina: Ratu kang cidra iku masa amalatana, gêtakên bae amêsthi kabur. Ing ngriku Adipati Martapura sampun sagolong kalihan para Cina, badhe sumêdya ambêdhah nagari Kartasura.

Kacariyos, putranipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara kendhang ingkang tinilar wontên nagari Kartasura kathahipun 3.

1. Ingkang sêpuh asma Radèn Mas Said.

2. Radèn Mas Ambiya.

3. Radèn Mas Sabar. Punika lêlampahanipun sami mêmêlas sangêt, jalaran katilar rama ibu (lola), kapintên botên wontên ingkang ngopèni, kalampahan rintên dalu dhahar sarenipun amung kêmpal [kê...]

--- 52 ---

[...mpal] kalihan panakawan tiyang alit, badhe nunggil para santana sakalangkung lingsêm, jalaran saking comprènging pangagêman, mila kathah têtêpanganipun dhatêng anaking para priyantun ingkang dados panakawan. Sarêng sampun wancining diwasa, sawêg wontên panggalihan dalêm ingkang sinuhun, aparing pêpanci sarta kalênggahan dhatêng putra têtiga wau, kadhawuhan sami kampuhan nunggil para abdi dalêm mantri gandhèk anèm, kaparingan santun asma:

1. Radèn Mas Said, asma Suryakusuma, kaparingan lênggah siti 50 jung.

2. Radèn Mas Ambiya, asma Martakusuma, kaparingan lênggah siti 25 jung.

3. Radèn Mas Sabar, asma Wiryakusuma, kaparingan lênggah siti 25 jung.

Kacariyos, putranipun Radèn Tumênggung Wirasuta, nama Radèn Sutawijaya, ingkang pêthal saking Mataram, punika taksih nunggil darah kalihan Adipati Mangkunagara, mênggah urut-urutanipun kados ing ngandhap punika.

Panêmbahan Senapati ing Ngalaga ing Mataram, pêputra Radèn Sutawijaya, lajêng apêputra Nyai Agêng Panêmbahan Rama, lajêng pêputra Radèn Sutawijaya kaping kalih, lajêng pêputra Radèn Adipati Danurêja pêpatih ing Kartasura, lajêng pêputra Radèn Tumênggung Wirasuta ing Kartasura, lajêng pêputra Radèn Sutawijaya kaping tiga.

Radèn Sutawijaya ingkang kaping tiga punika kala alitipun dados panakawan ing karaton, sangêt sumêkêtipun kalihan para putranipun Pangeran Adipati Mangkunagara kasêbut ing nginggil. Radèn Sutawijaya punika satilaring bapa botên sagêd anggêntosi kalênggahanipun, amung anampèni tilaranipun bôndha kemawon ragi kathah, awit Radèn Tumênggung Wirasuta wau sugih brana, ewadene Radèn Sutawijaya [Su...]

--- 53 ---

[...tawijaya] inggih taksih cuwa amargi gadhah panganggêp, kahartawan punika taksih wontên sangandhaping kawiryan, mila cuwanipun botên sagêd sirna, malah saya sangêt. Mênggah ingkang nandhang kacuwan makatên wau botên ngêmungakên Radèn Sutawijaya piyambak, kathah panunggilanipun para anaking mantri bopati, inggih sami botên sagêd anggêntosi kalênggahaning bapa ingkang sampun ajal, jalaran sampun ewah wiradating nagari, mila Radèn Sutawijaya anggènipun pados dhadhakan sakiting manah punika bêbasan pandung angsal babahan, lajêng sarêmbag kalihan para anaking priyantun ingkang sami sakit manahipun, sumêdya tilar praja, awit rinaos-raos ing wêkdal punika adiling praja prasasat sampun bibrah babar pisan, dados Radèn Mas Said anggènipun sumêkêt kalihan Radèn Sutawijaya punika nama nunggil suraos sami sakit manahipun.

Amangsuli cariyos, lêlampahanipun Adipati Martapura, anggènipun badhe anggêbag nagari Kartasura, sarêng sampun siyaga tumuntên bidhal, mênggah ramening pêrang utawi kasoring wadyabala Kartasura wontên ing margi botên kacariyos, bala Cina sagêd malêbêt ing alun-alun Kartasura. sarêng ingkang sinuhun sampun kesisan ing wadyabala, ing ngriku Tuwan Kaptin Hogêndhorêp lajêng ambêkta ingkang sinuhun lumajêng mêdal saking kadhaton, amung kanthi Pangeran Adipati Anom.

Kacariyos, nalika ing Kartasura ura-uru ngajêngakên lêbêtipun Cina angrisak karaton, Radèn Mas Suryakusuma dalah ingkang rayi-rayi botên andhèrèk palajêngipun ingkang sinuhun, taksih sami bilulungan wontên salêbêting kadhaton, ing ngriku dipun awe ingkang eyang Radèn Ayu Sanapati saking jandhela. Radèn Mas Suryakusuma enggal [eng...]

--- 54 ---

[...gal] marak ing ngarsanipun, tumuntên dipun ulungi wangkingan satunggal, sarwi ngandika: mara tampanana iki gèr, pusakamu, nuli lumayua mêtu, yèn sêlak katungka lêbune brandhal mênyang kadhaton. Radèn Mas Suryakusuma nampèni wangkingan tumuntên lumajêng mêdal sarwi anggèrèt ingkang rayi kêkalih, sarêng wontên ing jawi lajêng kèngêtan pusakanipun wangkingan ingkang wontên ing gêndhaga, sumimpên ing kadhaton, nama Kyai Bêdhudhak, nanging badhe wangsul malêbêt dipun pambêngi dening Cina, saha kadhaton sampun rame ulêng-ulêngan bôngsa Cina sami ngrayah. Radèn Mas Suryakusuma kawêkèn panggalihipun, enggal mêjahi Cina ingkang kapêncil satunggal, sandhanganipun dipun balèjèdi lajêng dipun agêm, dados lêbêtipun Radèn Mas Suryakusuma mangagêm cara Cina, anjujug panggenan pusaka Kyai Bêdhudhak sampun kapundhut, tumuntên mêdal botên kawadaka sagêd panggih kalihan ingkang rayi-rayi. Kèngsêripun ingkang sinuhun sarta bêdhahing karaton Kartasura botên kacariyosakên, Sunan Kuning lajêng anggêntosi jumênêng nata wontên ing Kartasura, pranatanipun botên ewah kados ingkang sinuhun ingkang sampun kèngsêr. Radèn Mas Suryakusuma dalah ingkang rayi-rayi lajêng anyuwun suwita dhatêng ingkang raka Sunan Kuning, pasuwitanipun sampun katampèn.

Kacariyos, jumênêngipun Sunan Kuning wontên ing Kartasura botên ngantos dangu, watawis amung sangang wulan lajêng kausir dening bala Madura, Sunan Kuning kèngsêr dhatêng ing Mataram manggèn ing dhusun Randhulawang. Ingkang sinuhun Kartasura wangsul jumênêng nata malih, ing ngriku Radèn Mas Suryakusuma dalah ingkang rayi-rayi pasuwitanipun botên ewah lêstantun dados mantri gandhèk anèm. Sarèhning kalênggahanipun dados mantri wau rumaos lingsêm sangêt, lajêng kagungan panggalih sumêdya nyuwun indhaking pangkat, dhatêng kapatihan, [ka...]

--- 55 ---

[...patihan,] sasampunipun golong pirêmbagipun kalihan para ingkang rayi, tumuntên kalêksanan sowan ing kapatihan, ing ngriku lajêng andarbèni panyuwun sapêrlunipun, wusana botên ginalih dening radèn adipati, saha lajêng anilar lumêbêt ing dalêm, botên antawis dangu utusan maringakên arta sakanthong dhatêng Radèn Mas Suryakusuma, sarêng utusan anampèkakên arta wau, panggalihipun ingkang pinaringan arta rumaos kados dipun têbak, karêrantan, labêt saking sadaya atur panyuwunipun botên kawangsulan têmbung punapa-punapa, kajawi amung kaparingan arta kados tiyang papriman, mila sanalika anjêngêr botên sagêt angandika, dangu-dangu sagêt sarèh panggalihipun, tumuntên mundur palarasan, kalihan anyangking kanthong isi arta wau. Sadumugining regol, kanthong dalah isinipun arta kasêsêlakên wontên satunggaling wit-witan, ing batos kalihan nyênyuwun mugi kasêmbadana punapa ing sakarsanipun. Sarêng pinanggih kalihan Radèn Sutawijaya, kaparingan sumêrêp punapa kawontênanipun nalika sowan dhatêng kapatihan, punapa malih Radèn Mas Suryakusuma angandika, manawi sariranipun taksih wontên nagari Kartasura sakalangkung lingsêm aningali para tiyang, mila lajêng kadhèrèkakên Radèn Sutawijaya, kapanggih kalihan santananipun ingkang asli saking dhusun Nglaroh, nama: Kyai Wiradiwôngsa, angginêm ingkang dados karsanipun badhe tilar praja. Kyai Wiradiwôngsa matur: Bêndara, mênggah ingkang dados karsa paduka punika saking panimbang kula botên wontên malih ingkang purun biyantu labêt pêjah, kajawi amung sêntana paduka piyambak ing Nglaroh. Manawi andhahar atur kula sumôngga bandara tumuntên tilar praja, anjujug ing Nglaroh kemawon, sami tata-tata siyaga ing ayuda. Radèn Sutawijaya [Sutawi...]

--- 56 ---

[...jaya] mirêng aturipun Kyai Wiradiwôngsa langkung panuju ing manah, lajêng anyambêti atur: Bêndara, aturipun kakang Wiradiwôngsa punika prayogi dipun sambadani, mangke kula inggih badhe ambiyantu. Pawong sanak kula anakipun priyantun ingkang sami sakit manahipun, kula purih andhèrèk ing panjênêngan sadaya dadosa kanthi.

Radèn Mas Suryakusuma midhangêt atur pirêmbagipun Radèn Sutawijaya tuwin Kyai Wiradiwôngsa sanalika lêga panggalihipun, tumuntên tata-tata bidhal saking Kartasura kêbut sagarwa sadaya. Tinêngêran ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 3 wulan Rabingulakir taun Jimakir, sinêngkalan rasa rêtu ngoyak jagat:Sengkalan: rasa rêtu ngoyak jagat (Rêbo Kliwon, 3 Rabingulakir 1666 A.J., sic. seharusnya: Ngahad Paing, 3 Rabingulakir 1666 A.J., Minggu, 18 Juni 1741 A.D.). 1666 nuju windu Sêngara, lajêng anjujug ing dhusun Nglaroh, dene ingkang andhèrèk sarêng, anaking para priyantun sadaya 18 tiyang. Sarêng sampun sawatawis dintên wontên ingkang nusul malih 6 tiyang, dados anaking para priyantun wontên 24 tiyang§ Punika miturut sêrat pèngêtanipun Ngabèi Rôngga Panambangan. ing ngriku lajêng iyasa dalêm, ngrakit banjar pakarangan, botên kêndhat angimpu para santana ing dhusun, utawi ngaturi para wiku ingkang kasub kasutapanipun, supados paring piwulang dhatêng sariranipun, tuwin dhatêng para ingkang andhèrèk sadaya, makatên wau inggih sampun kasêmbadan, ing wanci siyang sami ginulang sampurnaning ayuda tuwin pakantuking gêlar, manawi ing wanci dalu sami winêjang ngèlmi kanuragan kasantikan tuwin aji jaya kawijayan, lajêng sami anglampahi brata miturut sapakènipun ing guru, midêr-midêr ing ardi tuwin kungkum ing sêndhang-sêndhang, dene ingkang sampun jinajah, 1. ing sêndhang Sinôngka, 2. sêndhang Sitrètès, dumunung wontên sawetaning pucak ardi Gajahmungkur, [Gajah...]

--- 57 ---

[...mungkur,] 3. sêndhang Pancuran, 4. sêndhang Silanang, sêndhang patilasan sadaya wau, dumugi sapriki dados padusanipun para nem-neman ingkang ulah kaprawiran, sami nganggêp sarta pitados, sintên ingkang purun adus kungkum tuwin ngombe toyanipun adat têguh timbul tanpa anggêguru.

Nuju satunggiling dintên, Radèn Mas Suryakusuma ngandika dhatêng Radèn Sutawijaya, têmbungipun: Kakang jênêngmu Sutawijaya iku jayane bakal dakanggo wiwitan jênênge batur gawan saka ing Kartasura kabèh, ngiras minôngka muji muga kasinungana unggul ing ajurit, mulane baturku kabèh padha kasêbuta punggawa: têgêse gêgawan saka ing Kartasura, dene kakang dak wisudha dadi lurahe para punggawa, amadanani minôngka kamituwa, mungguh pangêrèhe dakpasrahake marang si kakang kabèh, dene kakang samêngko ajênênga: Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan, amarga saka anggone kakang wus kaduga andanakake kabêcikan nambangi marang awakku. Kang mangkono iku supaya kanggo pangeling-eling anak putu ing buri, lan manèh kakang Wiradiwôngsa samêngko uga dak paringi salin jênêng arana: Kyai Ngabèi Kudanawarsa, minôngka pêpatih kang ngêmbani aku, sarta manèh para punggawaku dak paringi jênêng wiwitane nganggo: jaya, kaya ta: 1. Jayautama, 2. Jayaprameya, 3. Jayawicantên, 4. Jayawiguna, 5. Jayasutirta, 6. Jayanimpuna, 7. Jayaprabata, 8. Jayasantika, 9. Jayapuspita, 10. Jayasudarga, 11. Jayasudarma, 12. Jayadipura, 13. Jayaleyangan, 14. Jayajagaulatan, 15. Jayaalap-alap, 16. Jayapanamur, 17. Jayapamênang, 18. Jayapanantang, 19. Jayatilarsa, 20. Jayawinata, 21. Jayapangrawit, 22. Jayaprawira.

--- 58 ---

Sadaya ingkang dipun dhawuhi sakalangkung bingah saha sami angèstokakên. Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan ing batos ngalêmbana dhatêng bandaranipun, dene sagêd mêmantês gathukipun kalihan lêlampahan.

Nalika wontên ing ngriku ingkang minôngka pêpancèning dhaharipun Radèn Mas Suryakusuma dalah para garwa sadaya, ngêndhêg pajêgipun siti saurutipun dhusun Ngutêr sapangandhap, ingkang badhe katur dhatêng ing Kartasura.

Kacariyos, Radèn Mas Suryakusuma kalihan ingkang rayi-rayi tuwin para punggawa sadaya, anggènipun anggêgulang kridhaning papêrangan sampun dumugi, awit saking aturipun Kyai Ngabèi Kudanawarsa kakintên sampun anyêkapi, malah prayoginipun kacacak pisan minôngka pandadar, supados sampun ngantos kêmba sêrêngipun. Radèn Mas Suryakusuma inggih anyondhongi dhatêng pamrayogi wau, nanging sarèhning dèrèng wontên mêngsah kadospundi pêthanipun, sanadyan Radèn Mas Suryakusuma piyambak inggih sampun ngajap tumuntêna têmpuh pêrang. Kyai Ngabèi Kudanawarsa wicantên dhatêng Ngabèi Rôngga Panambangan, têmbungipun: Adhi manawi bandara amarêngakên, prayogi pados dhadhakan kêmpal kalihan barisanipun Sunan Kuning rumiyin, awit anggènipun pacak baris wontên ing Randhulawang pawartosipun sampun agêng sangêt, pêrlunipun amung kangge sarana sapisan ngayom, kaping kalih anggêgulang para punggawa dhatêng têmpuking ayuda, dene mangke bilih sampun katingal botên nguciwani, gampil lajêng misah ngadêg piyambak.

Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan tuwin Radèn Mas Suryakusuma sami anyondhongi dhatêng pirêmbag wau, lajêng nantun dhatêng ingkang rayi-rayi: Mungguhing kowe kapriye adhi. Aturipun ingkang rayi amung andhèrèk kemawon, botên sumêdya pisah kalihan kakang mas.

--- 59 ---

Radèn Mas Suryakusuma sawadya punggawanipun lajêng tata-tata sampun mirantos, tumuntên bidhal saking Nglaroh badhe nusul ingkang raka Sunan Kuning dhatêng Randhulawang, wontên ing margi botên kacariyos, sarêng dumugi ing Randhulawang kapanggih kalihan Patih Mangunonêng, lajêng kaaturakên Ingkang Sinuhun Sunan Kuning, bilih Radèn Mas Suryakusuma dalah ingkang rayi kalih sawadya punggawanipun sami nusul ing sang prabu, ingkang rayi têtiga lajêng katimbalan dumugi ngarsanipun Sunan Kuning sami ngabêkti. Sang prabu sakalangkung rêna panggalihipun, ing wêkdal wau kalêrêsan para bopati pêpak sami sumewa, Adipati Suradiningrat, Adipati Cakranagara, tuwin Adipati Pathi. Sang prabu ngandika dhatêng para bopati, bilih ingkang rayi katiga pisan badhe kadadosakên senapatining pêrang. Ingkang sinabdan sadaya sami nayogyani. Sang nata lajêng dhawuh malih: 1. Si Adhi Suryakusuma sun angkat dadi pangeran asêsiliha aran Pangeran Prangwadana, 2. Si Adhi Martakusuma, sêsiliha aran Pangeran Panênggak, 3. Si Adhi Wiryakusuma, sêsiliha aran Pangeran Timur. Ing ngrika pangeran têtiga lajêng kapasrahakên dhatêng Babah Kapitan Sapanjang.

Pangeran Prangwadana ngandika dhatêng Ki Patih Mangunonêng: Paman, kula nêdha kanthi tiyang ingkang ngidhêp mantêp dhatêng ing ratu, ingkang purun alabuh pati, ingkang kêbat cukat tarampil ing damêl, ingkang tumêmên ing parentah, sarta ingkang kêndêl, botên watak mirisan dhatêng mêngsah. Ki Patih Mangunonêng lajêng milihi prajurit kados pamundhutipun Pangeran Prangwadana wau, angsal 300 tiyang, lajêng kapasrahakên dhatêng Pangeran Prangwadana dados rerehanipun.

Samantên, pangeran têtiga kalampahan sami nindhihi pêrang, sampun sagêd dhatêng ulahing gêlar sarta katingal kaprawiranipun, sabên sabên [sa...]

--- 60 ---

[...bên] pêrang bala ing Kartasura kathah ingkang kapalajêng, pangrampitipun bala Cina ing Dêrsana dumugi ing dhusun Pakauman, lajêng ambêsmi griya sakanan keringipun, Kumpêni Walandi kalihan bala Bugis Madura enggal acampuh rampak, bala Cina têmah kasoran, lajêng bibar mundur alon-lonan wangsul dhatêng ing dhusun Dêrsana malih.

Kacariyos, ing Kartasura sang nata angsal biyantu Raja Têrnate ambêkta bala sawatawis kathah, utawi kintunan bêbantu Kumpêni saking Batawi tansah lumintu, para bopati ing môncanagari ing pasisir tuwin Bugis Madura sami sarêngan dhatêng wontên Kartasura saya wêwah kathah.

Dene pêrangipun bala Cina dhatêng ing Kartasura kêrêp nêmpuh ing wanci dalu lajêng angobong-obongi, bala ing Kartasura kathah ingkang kuthetheran, gêntos wadya ing Kartasura analabung barisanipun Sunan Kuning ing Dêrsana, lajêng têmpuh pêrang rame gêntos ingkang kalindhih, bala Kumpêni ngantos lami botên sagêd ngêsuk barisan ing Randhulawang, wêkasan Tuwan Hogêndhorêp matur ing sang prabu, sumêdya damêl sêrat dhatêng Sunan Kuning ambêbujuk panggalihipun. Sang nata inggih amarêngakên, Tuwan Hogêndhorêp enggal damêl sêrat sampun dados kakintunakên dhatêng Sunan Kuning, suraosipun, kajawi ngaturakên tabe kalayan urmat tuwan kapitan nênuwun dhatêng Sunan Kuning, supados karsa angrakêt ngabdèkakên dhatêng tiyang Kumpêni kados ingkang eyang ngantos dumugi ing sapunika, dene manawi ingkang sinuhun badhe karsa jumênêng nata wontên ing tanah Jawi, Kumpêni langkung jumurung saha badhe ambiyantu, kadugi nanggulang bilih wontên mêngsah janji sampun gênah ingkang dados pangidhêpanipun, kathah-kathah suraosing sêrat pambujuk, nanging Sunan Kuning botên anggalih. Ing ngriku barisan ing Kartasura saya agêng [a...]

--- 61 ---

[...gêng] lajêng angrantam badhe angantêp mêngsah dadosa pungkasaning pêrang. Bala sampun rinakêt kapara tiga, majêng saking wetan, saking lèr tuwin saking kilèn, rampunging pangrantam lajêng bidhal sêsarêngan, enggalipun campuh pêrang wontên ing Dêrsana karoban mêngsah, wêkasan Sunan Kuning kasoran bibar lumajêng mangidul dumugi barisan ing Randhulawang, bala ing Kartasura taksih anêsêg malih, barisan ing Randhulawang sangsaya risak, para bopati tuwin para putra lajêng pêpisahan rêbat pangungsèn, Pangeran Prangwadana kaplajêng mangidul ngetan dumugi ing dhusun Palumbungan, kapanggih kraman nama Radèn Pangulu … ing ngriku Radèn Pangulu matur dhatêng Pangeran Prangwadana, sagah ambiyantu badhe mêngsah kalihan Kumpêni, nanging Pangeran Prangwadana kaparênga anggêpuki Wôngsadipa dhatêng ing ardi Têmbayat rumiyin. Pangeran Prangwadana tuwin Pangeran Timur inggih mituruti dhatêng aturipun Radèn Pangulu wau, kalampahan wangsul amung ambêkta abdi pitu, Ki pangulu ambêkta bala 600 tiyang, Pangeran Prangwadana sapunggawanipun, dumugi ing Têmbayat lajêng campuh pêrang kalihan Ki Wôngsadipa, balanipun watawis wontên 1000 tiyang. Pangeran Prangwadana sapunggawanipun lajêng narajang purun, Ki Wôngsadipa nadhahi wêkasan kapalajêng sabalanipun, pangeran ing Têmbayat sawadyanipun lajêng nungkul. Pangeran Prangwadana sarowangipun sami ngujung dhatêng pasarean ing Têmbayat, nyuwun supangat mugi unggula juritipun, ing dalu kèndêl lêrêp wontên ing bangsal balerante, enjingipun bidhal sumêdya dhatêng ing Randhulawang, dumugi ing dhusun Wija kapêthukakên balanipun Wôngsadipa malih, lajêng campuh pêrang sakalangkung rame, balanipun Ki Wôngsadipa mèh kasoran, lajêng kabiyantu bala Têrnate, Bugis tuwin Makasar, nanging mêksa kasoran sami mundur, tumuntên dipun biyantu

--- 62 ---

bala Kumpêni, lajêng ambendrongi sanjata mawantu-wantu, Radèn Pangulu pêjah ing paprangan tumpês sabalanipun, Pangeran Prangwadana tuwin ingkang abdi pêpitu lumajêng mangetan dumugi ing dhusun Katongan, ingkang rayi Pangeran Timur kapisah botên kantênan palajêngipun. Pangeran Prangwadana saabdinipun ing wanci dalu taksih lajêng lumampah mangetan, bangun enjing dumugi ing dhusun Mantênan (Nglaroh) sampun kapanggih kalihan ingkang eyang Radèn Ayu Sêpuh tuwin abdi sadaya sami têtangisan.

Sarêng enjingipun, Pangeran Prangwadana mirantos, sumêdya nusul ingkang raka Sunan Kuning dhatêng ing Kaduwang, samaptaning pirantos lajêng bidhal kêbut sakulawarga sadaya, dumugi ing dhusun Dhukuh kèndêl masanggrahan, wêkdal wontên ing ngriku ingkang eyang Radèn Ayu Sêpuh ragi enggar panggalihipun, rumaos sênêng, awit saking papanipun waradin, têtanêman katingal asri, mila lajêng ngandika dhatêng ingkang wayah: Anggèr, barêng tumêka ing kene pikirku rumasa sênêng, ing mêngko desa Dhukuh iki dak salini jênêng aranana ing desa Sênêng. Lêstantun dumugi sapriki ing dhukuh wau anama dhukuh Sênêng.

Kacariyos, Pangeran Buminata ingkang wontên Sêmbuyan, kala samantên karsa tinjo dhatêng ingkang putra Pangeran Prangwadana rawuh ing dhusun Sênêng, sampun pêpanggihan lajêng rêrangkulan, sarta sangêt karêrantan panggalihipun, wêkasan lajêng sarêmbag sumêdya nusul Sunan Kuning dhatêng ing Kaduwang, sarêng sampun golong lajêng bidhal sakulawarga sadaya.

Amangsuli cariyos, Sunan Kuning nalika dumugi ing Kaduwang, katilapan lampah kalihan Adipati Mangunonêng tuwin Adipati Sujanapura sadaya, kawartos sami dhatêng pasisir, dene Pangeran Singasari pêthalipun kalihan Sunan Kuning nalika kèngsêr saking Kartasura dèrèng

--- 63 ---

kapanggih malih. Sunan Kuning anggènipun lêrêm wontên ing Kaduwang ragi sawatawis dangu, lajêng kadhatêngan ingkang rayi Pangeran Prangwadana tuwin ingkang paman Pangeran Buminata sami rêrangkulan. Sunan Kuning sakalangkung bingah panggalihipun, sarêng sampun sami nêntrêmakên panggalih angasokakên sarira, Sunan Kuning ngandika dhatêng Pangeran Prangwadana: Yayi, saka rêmbuge Kapitan Sapanjang ngajak banjur mangetan mênyang Panaraga, kapriye mungguh panimbange yayi. Aturipun ingkang rayi, amung andhèrèk sakarsanipun sang prabu, sakit dumugi pêjah sumêdya anglabêti, anggêripun taksih wontên salêbêtipun tanah Jawi, sampun ngantos mêdal saking tanah wutah rah kula.

Enjingipun Sunan Kuning bidhal saking ing kaduwang kêbut sawadyabalanipun, ingkang dados cucuking lampah wadya Cina, katindhihan Pangeran Prangwadana, dumugi ing dhusun Brangkal kapapagakên dening barisanipun Tumênggung Suradiningrat, saking Panaraga lajêng campuh pêrang rame, Tumênggung Suradiningrat kèngsêr sabalanipun, Sunan Kuning lajêng lumêbêt ing kitha Panaraga sampun suwungan, lajêng masanggrahan ing ngriku ngantos satêngah wulan.

Nuju satunggiling dintên, Sunan Kuning pirêmbagan kalihan ingkang rayi Pangeran Prangwadana mênggah sakecaning lampah. Aturipun Pangeran Prangwadana mrayogèkakên lajêng wontên Panaraga ngiras ngimpun tiyang alit ngagêngakên bala rumiyin, Sunan Kuning inggih sampun anyondhongi, nanging amung Kapitan Sapanjang piyambak ingkang botên jumurung, sêdyanipun badhe lajêng dhatêng Pasuruan nêdha bantu dhatêng Adipati Surapati. Wêkasan sami sulaya ing rêmbag, yèn Kapitan Sapanjang saèstu dhatêng Pasuruan, Pangeran Prangwadana badhe kantun wontên ing Panaraga kemawon, ananging [ana...]

--- 64 ---

[...nging] Pangeran Buminata amambêngi, sêdyanipun badhe lajêng dhatêng Madiun, Pangeran Prangwadana ugi lajêng miturut karsanipun ingkang paman Pangeran Buminata, ing wusana lajêng bidhal sêsowangan, Kapitan Sapanjang kalihan Sunan Kuning sawadyabalanipun mangetan dhatêng Pasuruan, Pangeran Prangwadana kalihan ingkang paman Pangeran Buminata sabalanipun mangalèr dhatêng Madiun, dumugi ing Lèpènasin kèndêl karsa lêrêp. Lampahipun Sunan Kuning kapêngkok botên angsal margi, lajêng anggepak mangalèr nglantur lampahipun Pangeran Prangwadana, lajêng angêmpal malih wontên ing ngriku sami kèndêl.

Kacariyos, Pangeran Madiun, Adipati Magêtan, Adipati Panaraga, Adipati Kaduwang, tuwin Adipati Jagaraga sabalanipun, sami sumêdya ambujêng Sunan Kuning. Kala samantên ing Lèpènasin kakêpang pêpêt, amung wetan ingkang taksih kasuwungakên, salajêngipun ugi sampun campuh pêrang sakalangkung rame, wêkasan bala Madiun kawon dening bala Cina, dene bala ing Kaduwang sarta bala ing Magêtan, kawon dening bala ingkang katindhihan Pangeran Buminata, bala Panaraga kawon dening pangamukipun bala ingkang katindhihan Pangeran Prangwadana amung kanthi abdi: 5 tuwin tiyang Cina: 7 mêngsah sami bibar sadaya.

Enjingipun Sunan Kuning, Pangeran Prangwadana, Pangeran Buminata tuwin Kapitan Sapanjang sabalanipun bidhal dhatêng Madiun, dumugi Madiun sampun suwungan lajêng sami lêrêp ngantos gangsal dintên.

Sunan Kuning nantun dhatêng ingkang rayi Pangeran Prangwadana: Kapriye mungguh sidaning laku.

Pangeran Prangwadana matur: Kakang prabu atur kula taksih têtêp kados ing ngajêng, kula kadugi nglabêti pêjah anggêripun botên têbih sangêt saking praja [pra...]

--- 65 ---

[...ja] wutah rah kula, dados bêbasan angrungkêbi nagari kalairanipun, dene asor ungguling pêrang punika gumantung wontên kabêgjaning badan, manungsa ingkang têtêp sêdyanipun kalayan santosaning tekad, badhe angsal pitulungipun Ingkang Kuwasa.

Sunan Kuning sarêng midhangêt aturipun Pangeran Prangwadana ingkang makatên wau sanalika badhe miturut dhatêng ingkang rayi, ananging Kapitan Sapanjang kêncêng aturipun, langkung prayogi supados Sunan Kuning ngungsi dhatêng Pasuruan. Sang prabu èmêng panggalihipun, badhe miturut ingkang rayi botên wande koncatan bala, Kapitan Sapanjang amêsthi nilar sabalanipun, badhe miturut Kapitan Sapanjang owêl ingkang rayi Pangeran Prangwadana bokmanawi mutung, wêkasan andhahar aturipun Kapitan Sapanjang, tumuntên bidhal saking Madiun. Pangeran Prangwadana inggih botên kantun, Pangeran Buminata sangêt merang dhatêng Cina, awit cidra kasagahanipun ngimpu dhatêng tiyang ing Madiun, ing wusana botên kalampahan, mila lajêng lolos.

Kacariyos, tindakipun Sunan Kuning kalihan Pangeran Prangwadana, tuwin wadya Cina, sarêng dumugi ing Caruban, ing ngriku Pangeran Prangwadana sumêdya pêthal kalihan Sunan Kuning, badhe mêmpên wontên ing wana Caruban. Kalampahan sarêng Sunan Kuning bidhal dhatêng ing nagari Pasuruan, Pangeran Prangwadana lajêng katilapan ical botên kantênan, Sunan Kuning sakalangkung piduwungipun, Pangeran Prangwadana kantun wontên ing wana Caruban kalihan ingkang eyang Radèn Ayu Sêpuh, tuwin abdi 30. Botên antawis dangu Pangeran Buminata dhatêng ngajak nusul Sunan Kuning, nanging Pangeran Prangwadana botên nayogyani, saking aturipun: Paman, manawi sampeyan nusul ingkang putra Sunan Kuning [Ku...]

--- 66 ---

[...ning] tamtu dipun bilaèni dening Cina, aluwung wangsul mangilèn malih kemawon kalihan kula, sami pados kawibawan piyambak sarana nênuwun pitulunganing Allah. Pangeran Buminata miturut saking karsanipun ingkang putra, tumuntên sami bidhal wangsul mangilèn, ingkang tinuju ing tanah Sokawati, rintên dalu tansah lumampah, enggalipun sampun dumugi ing tanah Sokawati.

Gêntos kawuwusa, Adipati Sujanapura kalihan Pangeran Singasari, ingkang baris wontên talatahing ardi Kêndhêng tanah Sokawati, tiyang ing ngriku taksih sami suyud sadaya. Adipati Sujanapura dipun aturi pariksa dhatêng têlikipun, bilih Pangeran Prangwadana kalihan Pangeran Buminata samangke wontên ing dhusun Ngêmplak, sumêdya badhe dhatêng Sokawati. Adipati Sujanapura dhawuh dhatêng Adipati Jayapuspita kinèn mêthuk pangeran kêkalih dipun aturi lajêng sowan ingkang paman Pangeran Singasari. Adipati Jayapuspita bidhal sarwi ambêkta kuda tuwin tandhu, sampun kapanggih kalihan pangeran kêkalih lajêng dipun boyongi, lampahipun dumugi ing dhusun Sênêtan sampun wanci sêraping surya. Pangeran Singasari mêthuk malajêngi ngabêkti ingkang raka Pangeran Buminata. Pangeran Prangwadana ngabêkti dhatêng ingkang paman Pangeran Singasari, sadaya sami rêrangkulan, lajêng bage-binage wilujêng, para pangeran sami angêmu waspa ngraosakên apêsipun ingkang rama, dene para putra ingkang sami katilar sami cêcongkrahan, anutuh saking inanipun ingkang jumênêng sapunika. Pangeran Singasari mariksani ingkang putra Pangeran Prangwadana karaos-raos panggalihipun sarwi kumêmbêng ingkang waspa, lajêng kèngêtan ingkang sampun kendhang. Sarêng sampun saantawis lajêng sami ngaso masanggrahan, enggaling cariyos, nuju satunggaling

--- 67 ---

dintên para pangeran tuwin para bopati sami lêlênggahan wontên ing pasanggrahan, ing ngriku Adipati Sujanapura nyuwun idi, manawi sami anyondhongi, Pangeran Prangwadana badhe kajumênêngakên nata wontên ing Sokawati, jêjuluk Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, Senapati ing Ngalaga Sudibyaning Prang. Jumênêngipun ingkang putra wau lajêng ingèstrènan sampun kalampahan, ing ngriku Pangeran Adipati Mangkunagara saya kumandêl dhatêng kakêndêlanipun, dhasar têguh sêkti tur wêgig ulah gêlaring pêpêrangan, dene Adipati Sujanapura nyuwun santun sêsêbutan nama Panêmbahan Pugêr, Kyai Ngabèi Kudanawarsa kawisudha dados tumênggung nama Kudanawarsa, Radèn Ngabèi Rôngga Panambangan dados Tumênggung Surawijaya, ugi sampun ingestrenan.

Kacariyos, Pangeran Adipati Mangkunagara kadamêlakên padalêman wontên ing dhusun Majarata, pasang rakitipun pakarangan memba karaton, mawi alun-alun, bangsal paseban sasaminipun, sarêng sampun mirantos Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng kaboyong dhatêng Majarata, kadhèrèkakên Adipati Jayapuspita lajêng gêgriya cakêt sakilèning dalêmipun Adipati Mangkunagara. Sasampunipun makatên Panêmbahan Pugêr kalihan Pangeran Buminata tuwin Pangeran Singasari saabdinipun lajêng angêlar jajahan dhatêng ing tanah Dêmak.

Kacariyos, Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara salêbêtipun wontên ing Majarata tansah masuh sariranipun, anênuwun maring Allah supados kasêmbadana ingkang dados sêdyanipun. Sabên dintên ingkang kadhahar amung pisang saulêr, manawi dalu kêkadhar wontên ing latar nungku pangèsthi mêlêngakên cipta, manawi siyang ngêmori para abdi ingkang sami ulah solahing pêrang, sarta sinambi ulah titising anjêmparing. Saking mêtêking

--- 68 ---

pangèsthi têmah tuwuh prabawanipun, tiyang satanah Sokawati sadaya sami suyud sarta ajrih asih dhatêng ingkang nungku cipta, mêdal kèdhêp saparentahipun, mila botên lami lajêng agêng barisanipun. Adipati Mangkunagara tumuntên iyasa mantri lêbêt kathahipun 40 tiyang, tuwin damêl prajurit têtindhih rôngga dêmang saya wêwah kathah.

Gêntos kacariyos ing nagari Kartasura, Tuwan Mayor Hogêndhorêp mirêng pawartos, bilih Radèn Mas Suryakusuma samangke sampun jumênêng nata ngadhaton wontên ing Majarata tanah Sokawati. Tuwan mayor kalihan Adipati Pringgalaya enggal sowan ing sang prabu ngaturi uninga bab pawartos wau, dene ingkang anjumênêngakên nata Adipati Sujanapura, ajêjuluk Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Senapati ing Ngalaga Sudibyaning Prang, kêmpal kalihan Pangeran Buminata, tuwin Pangeran Singasari, sampun agêng barisanipun. Adipati Sujanapura sampun santun nama: Panêmbahan Pugêr, aturipun Tuwan Hogêndhorêp dhatêng sang nata, prayogi utusan ngungsir barisanipun Pangeran Adipati Mangkunagara. Dhawuhipun sang prabu sampun marêngakên, Tuwan Komandhan Hogêndhorêp sarêmbag kalihan patih, ingkang kapatah lumampah bopati kêkalih, Radèn Tumênggung Ônggawôngsa, tuwin Radèn Tumênggung Wirayuda, ingkang nindhihi Pangeran Mangkubumi, dipun kanthèni Kumpêni kalih bêrgada, tuwin Kumpêni Islam sarta prajurit môncanagari, lampahipun ing margi botên kacariyos, sarêng dumugi talatah ing Sokawati pabarisan ing Majarata sampun mirêng yèn badhe kalurugan saking nagari, mila lajêng siyaga, sadhatêngipun Kumpêni lajêng campuh pêrang, dangu-dangu wadya Majarata kalindhih, tumuntên mundur alon-alonan, Kumpêni lajêng ngobongi pasanggrahanipun Pangeran Adipati Mangkunagara, [Mang...]

--- 69 ---

[...kunagara,] dene Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng mingsêr mangidul dhatêng ing dhusun Sêgawe (Matesih) Panêmbahan Pugêr kabujêng Pangeran Mangkubumi lumajêng dhatêng Garobogan, sarêng barisan sampun bibar, Kangjêng Pangeran Mangkubumi dalah balanipun sadaya lajêng kondur dhatêng Kartasura.

Kacariyos, Kangjêng Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara salêbêtipun wontên ing dhusun Sêgawe, sagêd anglèrèhakên sarira sawatawis dangu, utawi sagêd tata-tata barisanipun malih, dhusun-dhusun ingkang dipun jarahi wiwit Matesih mangilèn dumugi ing Pajang. Kala samantên Kangjêng Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara asring tindak dhatêng dhusun Panambangan (Nglaroh) saha andhawuhakên dhatêng Tumênggung Kudanawarsa, supados angiyasakakên dalêm ingkang pantês sarta ingkang anyêkapi kangge para wadya wontên ing Panambangan wau, utawi kadèkèkana alun-alun pirantos kangge sinau watangan, awit karsanipun badhe ngagêngakên barisan malih.

Gêntos kacariyos, tuwan mayor kalihan Ki Patih Kartasura sowan ing ngarsanipun sang prabu, pêrlu ngunjuki uninga bilih samangke Pangeran Mangkunagara pacak baris wontên ing dhusun Sêgawe (Matesih) ambêbahak ngrayuti siti Matesih mangilèn dumugi ing Pajang, nanging sang prabu dèrèng marêngakên bilih lajêng kaungsir, awit badhe utusan bopati angrimuk supados puruna mantuk dhatêng nagari, dados botên kapanjang-panjang kados ingkang sampun, sarta manawi purun mantuk, Pangeran Mangkunagara badhe kadhaupakên kalihan ingkang putra Radèn Ayu Sêkar Kadhaton. Mila makatên karsanipun sang prabu awit adatipun lare neneman bilih dipun arêm-arêmi wanita sagêd lilih kanêpsonipun. Tuwan mayor sarta ki patih inggih lajêng jumurung saking karsanipun sang

--- 70 ---

prabu wau, lajêng sami kalilan bibaran.

Sasampunipun makatên, sang prabu lajêng utusan Nyai Sêtyawati, kalihan Tumênggung Wirajaya kanthi mantri sakawan, maringakên nawala dalêm dhumatèng Pangeran Adipati Mangkunagara, ingkang wontên ing dhusun Sêgawe.

Kacariyos, barisan ing dhusun Sêgawe Pangeran Adipati Mangkunagara, kala samantên pinuju siniwaka, kaadhêp dening Tumênggung Kudanawarsa, Tumênggung Surajaya tuwin para punggawa, ing ngriku kadhatêngan utusanipun ingkang rama Sinuhun Pakubuwana kaping 2 ing Kartasura wau, ingkang kautus Nyai Tumênggung Sêtyawati, kanthi Kyai Tumênggung Wirajaya. Nyai Tumênggung Sêtyawati lajêng maringakên salam dalêm, utawi matêdhakakên nawala dalêm. Pangeran Adipati Mangkunagara gupuh anampèni, nawala dalêm tininggil-tinggil tiniyupakên ing bun-bunan nuntên binuka ijêmanipun.

Sawise salamku thole, kowe daktimbali muliha mênyang nagara Kartasura, lan kowe bakal takpèk mantu dhaup karo adhimu, anakku loro iku pilihên, apa adhimu Ratu Alit, apa adhimu Radèn Ayu Kadhaton. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sarêng ngudanèni suraosipun sêrat, sakalangkung suka pirênaning panggalih.

Tumuntên ngandika dhatêng Nyai Tumênggung Sêtyawati, tuwin dhatêng Kyai Tumênggung Wirajaya, têmbungipun: Paman, Tumênggung Wirajaya tuwin Nyai Tumênggung Sêtyawati, kula botên amangsuli sêrat, atur kula inggih nuwun sandika, ananging wontên panuwun kula, kauningana, kula gadhah abdi mantri 40 sampun sami gadhah lênggah siti dhusun piyambak-piyambak, ingkang punika kula suwun sami taksiha têtêp ing kalungguhanipun [kalungguh...]

--- 71 ---

[...anipun] sadaya, manawi sampun kaparêng enjing sontên kula sandika sowan. Nyai Tumênggung Sêtyawati tuwin Tumênggung Wirajaya sapandhèrèkipun lajêng sami pamitan mantuk.

Sapêngkêripun utusan, para santana abdi tuwin kulawarga sadaya matur dhatêng Kangjêng Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, sami botên nayogyani bilih sowana ingkang rama dhatêng Kartasura, awit dhawuh wau kamanah amung samudana, saha panggalihipun sang prabu kakintên botên lulus.tulus. Pangeran Adipati Mangkunagara dipun aturi angèmuti ingkang rama piyambak, kakendhangakên tanpa kalêpatan utawi tanpa dosa.

Pangeran Adipati Mangkunagara sarêng midhangêt atur ingkang makatên wau panggalihipun lajêng kanggêg, wêkasan botên saèstu sowan dhatêng ing Kartasura.

Gêntos kacariyos, Tuwan Hogêndhorêp anampèni utusan saking Batawi, ingkang kautus nama Ki Grêbong, sarwi ambêkta sêratipun Pangeran Pancuran, badhe dhatêng Pangeran Adipati Mangkunagara, têrang dhawuhipun tuwan guprênur jendral, kapurih angêngimur panggalihipun Pangeran Adipati Mangkunagara, supados sampun ngantos kalajêng-lajêng karsanipun, tumuntên bêktia dhatêng sang prabu mituruta ingkang dados kajêngipun Kumpêni. Tuwan Hogêndhorêp sampun andugi bilih punika saking karsanipun Kumpêni, mila pun Grêbong lajêng kapurih dhatêng Sokawati, enggalipun Ki Grêbong mangkat dhatêng Sêgawe, sampun kapanggih kalihan Pangeran Adipati Mangkunagara, lajêng ngaturakên sêrat ingkang saking Pangeran Pancuran, sampun katampèn, sêrat wau mawi sinawung sêkar utawi ungêlipun kados ing ngandhap punika:

--- 72 ---

Asmaradana

pustaka pinandara ring / saliring puja raharja / wêninging manah rumêmbe / saking kadang para wrêdha / kang pinilut sangsaya / nèng Jakarta ajêjuluk / Pangeran Arya Pancuran //

mugi katura ri mami / kang dadya woding kasrêdan / satriya gung bêbisike / Pangeran Mangkunagara / kang ambêg santa budya / budiman anrus martayu / tumuse ngastuti ngambar //

mardu mardawa arjanti / jujuring saparibawa / ambawani pangolahe / kridhaning tyatyas. parotama / tumanêm ing silarja / jajahaning budi mêngku / mêmaniking tyas ngumala //

maladi kontaping bumi / buntas marang kabudayan / widigdaya ing palugon / ing rèh gunanirèng aprang / keringan parangmuka / linulutan pra wadya gung / tuhu prajurit utama //

wiyose kanang kintaki / yayi mas paraning trêsna / mugi anirnakna babo / bara-baraning bramantya / berata kang sandea / rèhning kabubuh ing sêpuh / pun kakang dadya nêmpuh byat //

ngumbar berawaning ati / ngaturakên cumanthaka / sumundhul atur sêdyane / dununging rèh kang sayogya / lamun datan katampan / sayêkti cintaka muput / lir kênèng papa pantaka //

botên pisan nêdya lamis / anyênyêla lêlemeran / nyênyampahi kakangane / ing karsane kadang ingkang / sampun ambêg gunawan / mung matur sajatinipun / tumrapipun kaprawiran //

ing asmaralaga yayi / sintên kang purun tumanggah / kalawan sira riningong / yèn ta mung sababagira / yêkti dahat katrêsan / dening widigdanta tuhu / têmah nungkul ngèstupada //

nanging tandukipun yayi / lamun sisip kalbèng cacad / awon têmên juwarane / kadi ujaring bêbasan / amirong kampuh jingga / lire pun balela ratu / wah mêngsah Kumpêni ingkang //

kaonang-onang undhagi / ing rèh ulahing ngayuda / tanpa wilangan balane / sangkêp sakapraboning prang / yêkti dede timbangan /

--- 73 ---

mêngsah Kumpêni lan ratu / marma pun kakang kumêdah //

mring yayi tur pamrayogi / kalamun condhong ing karsa / lêhêng kondura dèn age / ambêbana sihing nata / kadi langkung utama / suwita mring tuwanipun / dhasar kang madêg narendra //

dene ta kalamun yayi / sônggarunggi mring Walônda / panggiha pun kakang dhewe / wit dene kang pangandika / lajêng guprênur jendral / datan liyan karsanipun / mung amrih raharjanira //

dhuh yayi lamun suwawi / gèn kula asung pirêmbag / dhinahara yêkti sae / upami datan karsaa / mung ngumbar drênging driya / têtêp tan ngeman sadulur / tilarane kangjêng rama // lan pun kakang atur uning / ramanta ingkang suwarga§ Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara, ingkang kakendhangakên, nalika seda layonipun kasarèkakên dhatêng ing astana Imagiri, tilaranipun putra kakung putri kalêbêt seda tumur kathahipun 16 inggih punika: 1. Kakung Kangjêng Pangeran Tirtakusuma in. /

--- 74 ---

atilar putra kathahe / gangsal kang jalu sakawan / kang wanita sajuga / titi wigatining atur / trus rasa obahing ciptaSengkalan: trus rasa obahing cipta (1669 A.J., 1744/45 A.D.). = 1669 //

Sarêng Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara tampi sêratipun Pangeran Pancuran makatên wau, salêbêting panggalih kados winungu, kemutan lêlampahanipun ingkang rama, wêkasan sangêt andadosakên èmêngipun. Ngantos dangu botên sagêd ngandika. Saking sangêt pêtênging panggalihipun, dangu-dangu lajêng ngudaraos: Yèn mangkono manungsa iki bêbasane kaya sarah ana ing sagara, manungsa sasarahe,sarahe. Hyang Suksma sagarane, dadi sasolahing sarah kawisesa dening ombak, manungsa têtela ora kuwasa anduwèni kêkarêpan dhewe, mung kudu manut takdiring Hyang Suksma, sarta kudu suka lawan narima.

Sasampunipun makatên, Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng ngandika dhatêng Ki Grêbong: Hèh Grêbong, sira matura marang Komandhan Hogêndhorêp, [Ho...]

--- 75 ---

[...gêndhorêp,] rêmbug kang daksumurupi kang kamot sajroning layang, iya bangêt panuwunku marang sihe sadulur tuwa, mêsthine bakal dakpikir murih rahayune, ora pisan-pisan sumêdya mêmungsuhan karo ratu, sarta ora manut parentahing Kumpêni ingkang luwih luhur, utawa ora wêdi Kang Amurbèng Alam. Mung iku wangsulaku Grêbong, wis mundura ngasoa marang pondhokan. Sasampunipun Ki Grêbong ngaso, kalih dalu wangsul dhatêng ing Kartasura, anjujug ing ngloji sowan tuwan komandhan, punapa sadhawuhipun Pangeran Adipati Mangkunagara sampun katur sadaya. Tuwan Hogêndhorêp sarêng mirêng aturipun Ki Grêbong sangêt bingah, lajêng andhawuhi dhatêng Ki Grêbong: Kowe balia katêmu Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, ngaturana uninga, yèn aku arêp katêmu dhewe ana ing desa Picis, Pangeran Adipati Mangkunagara aturana aja anggawa abdi, kayadene aku iya ora anggawa batur. Ki Grêbong matur sandika, lajêng mangkat wangsul dhatêng Sokawati malih, sadhatêngipun ing Sokawati sampun kapanggih kalihan Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, lajêng matur kados panêdhanipun Tuwan Hogêndhorêp anggènipun prasabên wau. Pangeran Adipati Mangkunagara ugi sampun anyagahi. Ki Grêbong tumuntên pamit wangsul, sadumugining Kartasura lajêng matur dhatêng tuwan komandhan punapa ing sakawontênanipun anggèning kautus. Tuwan Hogêndhorêp lajêng sowan dhatêng kadhaton, matur dhatêng sang prabu, manawi marêngakên nyuwun lilah badhe kapanggih kalihan Pangeran Adipati Mangkunagara, awit sampun kengkenan prasabên sami pêpanggihan wontên ing dhusun Picis, pêrlunipun badhe kula aturi kondur supados suwita ing sang nata, sampun tansah damêl rêrêsah dhatêng tiyang ing padhusunan.