Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bêdhahipun Karaton Ngayogyakarta saha Kendhangipun PB VI, Suradipura, 1913, #752

Katalog:Bêdhahipun Karaton Ngayogyakarta saha Kendhangipun PB VI, Suradipura, 1913, #752
Sambung:-

BP No. 125

Sêrat Bêdhahipun Karaton Nagari Ngayogyakarta, saha Kendhangipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VI, Narendra Nagari Surakarta Adiningrat

Ingkang ngimpun Radèn Ngabèi Suradipura

Tiyang Mardika Ingkang Marsudi Kasusastran Jawi 1913

--- 3 ---

Ingkang jinêjêr cariyos duk kala jaman Sêpèhèn§ Asli saking têmbung mônca Spahi = bôngsa prajurit kapalan ing Turki utawi Arab. inggih punika bêdhahipun karaton nagari Ngayogyakarta Adiningrat, kabêdhah dening Kumpêni Inggris.

Wiyosipun, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Paku Buwana ingkang kaping IV narendra nagari ing Surakarta Adiningrat, karsa angramakakên putra dalêm putri ingkang pambajêng nama Kangjêng Ratu Pambayun, kadhaupakên kalihan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara ingkang kaping II ing nagari Surakarta, namung kirang sawulan ijab kabuling paningkahipun. Nanging lajêng kasandèkakên, jalaran ingkang sinuhun kangjêng susuhunan andhahar saking aturipun para pangeran sadhèrèk sêpuh utawi anèm. Nalaripun makatên: manawi lêstantun sang aprabu, amundhut mantu dhatêng Pangeran Adipati Mangkunagara, môngka Kangjêng Ratu Pambayun wau mêsthi

--- 4 ---

ambêkta lênggahipun siti sabin pitung dasa gangsal jung, saupami ing têmbe kangjêng ratu wau seda, siti sabin pitung dasa gangsal jung wau, botên sagêd wangsul dhatêng Kasunanan malih, amêsthi katrêm wontên ing Kamangkunagaran, prayogi dipun kramakakên dhaup kalihan pangeran ing Kasunanan kemawon, pundi ingkang langkung prayogi kakarsakakên. Wondèntên bilih Mangkunagara sakit manahipun, utawi lajêng balela, para pangeran badhe botên ajrih anyêpêng Pangeran Mangkunagara.

Ingkang sinuhun lajêng anyondhongi kemawon, saking aturipun para pangeran ing Kasunanan wau, botên kagalih ruwêd rêntêngipun ing têmbe. Putra dalêm Kangjêng Ratu Pambayun lajêng dipun kramakakên dhaup kalihan Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkubumi, lêstantun pikramanipun.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, sarêng miyarsa bilih Kangjêng Ratu Pambayun sampun kakramakakên dhaup kalihan Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkubumi, sakalangkung dukanipun, nuntên dhawuh anglêmpakakên para prajurit ing Mangkunagaran [Mang...]

--- 5 ---

[...kunagaran] tuwin putra santana sadaya, karsanipun kangjêng pangeran badhe angamuk saha nglêbur karaton Surakarta, awit botên ajrih tandhing jurit kalihan sang prabu utawi pangeran ing Kasunanan.

Kocapa Radèn Tumênggung Mangkurêja, pêpatih ing Mangkunagaran, enggal anyungkêmi sampeyanipun kangjêng gusti, kalihan anangis luh carocosan, aturipun:

Dhuh, dhuh, gusti pêpundhèn kawula, mugi sampun kasêsa duka rumiyin, gampil sangêt, gusti, tiyang apêpêrangan, sarta kawula botên ajrih atakêr ludira kalihan para pangeran ing Kasunanan, karana kawula sampun sumêrêp sadaya watak wantunipun pangeran ing kidulan, kawasisanipun bilih namung wontên panggenan tayub kemawon, katôndha nalika prang Mangkubumèn, bilih katêmpuh ing mêngsah lajêng ngucira dhatêng wingking namung prêlu badhe mlajêng, kok purun kosok godhi kalihan mêngsah punika botên pisan-pisan. Panuwun kula, gusti, karêmbag rumiyin, panjênêngan dalêm kawula aturi tindak dhatêng ing Batawi, sowan eyang dalêm kangjêng tuwan ingkang agung wicaksana [wicaksa...]

--- 6 ---

[...na] gurnadur jendral ingkang ngasta pangwasa ing pulo Jawi, nyuwun miji sagêda wontên sangandhaping pangwasanipun kangjêng guprêmèn ingkang ngasta pangwasa pulo Jawi, awit ratu Jawi botên darbe adil, pangadilanipun kados bênang dipun panthêng, manawi botên wontên ingkang nêrak inggih lêrês, ananging bilih katêrak walang kemawon inggih sagêd ngandhêlong, ing saèstu panjênêngan dalêm botên kêkilapan prakawis ingkang winados ing atasipun karaton Surakarta kalihan ing Ngayogyakarta. Ing wêktu punika bilih panjênêngan dalêm sowan eyang dalêm kangjêng tuwan ingkang agung gurnadur jendral, kalêrêsan ing atasing salira dalêm.

Kangjêng gusti angandika: Iya, kakang, mungguh saka panêmumu iku, aku anyondhongi bangêt, prayoga aku mênyang Batawi, matur marang eyang kangjêng tuwan agung gurnadur jendral, kayadene aturmu iku, dina sesuk aku mangkat, yèn wis tutug Sêmarang aku bakal nunggang prau kapal supaya enggal tutug ing Batawi.

Sarêng enjing kangjêng gusti sampun nitih titihan, kadhèrèkakên [kadhè...]

--- 7 ---

[...rèkakên] abdi sakawan sami kêkapalan. Enggalipun sampun dumugi ing Samarang nyare sadalu, enjingipun lajêng minggah dhatêng baita kapal, botên dangu kapal anginggahakên jangkar lajêng mancal ambabar layar, kalêrêsan anginipun timur kêncêng. Botên kacariyos lampahing kapal wontên samodra, sampun dumugi palabuhan ing Batawi, tiyang kapal angêdhunakên jangkaripun lajêng labuh, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara, tumêdhak saking kapal nitih sêkoci lajêng minggah dhatêng ngêbum, tindak amondhok wontên ing Jakarta.

Kacariyos kangjêng gusti sampun sowan kangjêng tuwan agêng ingkang wicaksana Litnan Guprênur Jendral Tomas Sêtamporêt Raplês, ingkang angwasani ing pulo Jawi sarta sabawahipun sadaya, awit ingkang asma kangjêng Kumpêni Inggris. Kangjêng gusti sampun apêpanggihan kalihan kangjêng tuwan ingkang agung wontên ing dalêm loji agêng, pinarak kalihan tuwan sèkrêtaris jendral. Kangjêng tuwan ingkang agêng anêmbrama, ngaturi wilujêng sarawuhipun kangjêng gusti, wontên ing nagari Batawi.

--- 8 ---

Kangjêng gusti matur: nuwun inggih kangjêng eyang, saking pangèstu paduka: manggih wilujêng.

Kangjêng tuwan jendral: Mênggah wigatosipun wayah kula kangjêng gusti rawuh ing Batawi, badhe sowan kalihan gurnadur jendral sintên: karana ing Batawi sapunika wontên gurnadur jendral kêkalih, ingkang satunggal gurnadur jendral Walandi nama Tuwan Yansên, satunggilipun gurnadur jendral Inggris, inggih punika kula.

Nuwun, kangjêng eyang, ingkang badhe kula sowani punika inggih ingkang ngasta pangwasa pulo Jawi.

Yèn makatên sowanipun wayah kula dhatêng Batawi botên kalintu, inggih kula ingkang winênangakên dening Kumpêni Inggris anyêpêng panguwasa sanuswa Jawi sajajahanipun sadaya. Mênggah ingkang dados pêrlunipun wayah kula punapa, têka karaya-raya sowan dhatêng kula.

Nuwun inggih, kangjêng eyang, mila lampah kula punika binasakakên sumêngka pangawak braja,bajra. botên etang drigamanipun wontên ing margi. Botên langkung manawi andadosakên dhangan panggalihipun kangjêng eyang, kula nyuwun [nyuwu...]

--- 9 ---

[...n] ngungsi panggêsangan angaub miji sangandhaping pangwasanipun kangjêng Kumpêni Inggris, kula botên sagêd kawêngku pangwasanipun ingkang sinuhun kangjêng sunan ing nagari Surakarta, karana botên kagungan adil ingkang lêrês, anggêr pangadilanipun ingkang kadamêl waton kadosdene bênang dipun panthêng, bilih botên wontên ingkang nêrak inggih kêncêng utawi lêrês, ananging katêrak ing walang kemawon lajêng sagêd ngandhêlong, mila sangêt panuwun panangis kula ing kangjêng eyang.

Kangjêng tuwan gurnadur angandika: saking panuwunipun wayah kula punika, kula dèrèng sagêd amancasi, karana kêdah kula rêmbag kalihan para idêlèr rumiyin, dados wayah kula kêdah sabar angêntosi karampunganipun para lid Indhiya, kenging wayah kula mundur dhatêng Surakarta, awit kêdah wontên nawala kêkancingan saking kangjêng Kumpêni Inggris.

Nuwun inggih, kangjêng eyang, kula botên mundur dhatêng Surakarta, angêntosi kemawon wontên ing Batawi, ngantos sapragadipun lid Indhiya anggènipun angêrad.

--- 10 ---

Inggih prayogi, kangjêng gusti, prayogi masanggrahan wontên ing Jakarta.

Bilih sampun têrang dhawuh timbalanipun kangjêng eyang, kula nyuwun mundur.

Inggih kangjêng gusti: kula dhèrèkakên wilujêng.

Lajêng têtabean.

Gêntos cinariyos, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, ing Ngayogyakarta Adiningrat, anyaosi nawala konjuk kangjêng tuwan ingkang agêng gurnadur jendral Inggris ing nagari Batawi, suraosipun kados ing ngandhap punika:

Ingkang sêrat pratôndha tulus miyos saking eklasing manah sukci, saking Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, sudibya rajaputra narendra ing Mataram, ingkang akadhaton nagari Ngayogyakarta Adiningrat. Katura ingkang eyang kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana, Tomas Sêtamporêt Raplês, ingkang jumênêng litnan gurnadur jendral ing pulo Jawi sarta sabawahipun sadaya. Saha pamuji kula ingkang

--- 11 ---

mugi-mugi pinanjangna ingkang yuswa, salamêt sarta kasaran ing salami-laminipun, sanagari têtiyangipun sadaya.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, sampun sawatawis lami kula ngancang-ancangi badhe anyaosi sêrat katur kangjêng eyang ingkang agêng ingkang wicaksana, nanging tansah kandhêg mangu saking gênging kajrihan kula ing kangjêng eyang. Sarèhning tansah kagubêl ing prihatosing manah kula, dados kula anêmpuh byat anêrak sapudhêndhaning rama kula kangjêng sultan ing Ngayogyakarta, karana wontên nalar ingkang agêng ingkang badhe anguwalakên pamitran kula kalihan kangjêng eyang, utawi kalihan kangjêng Kumpêni Inggris, katranganipun kados ing ngandhap punika:

Ingkang sapisan, rama kula kangjêng sultan sampun abipraya sarêmbag mawi kapacak ing sêrat prajanjian kalihan kangjêng sunan ing Surakarta, badhe balela anyirnakakên bôngsa kulit pêthak, ingkang andarbèni paprentahan kuwasa ing pulo Jawi.

--- 12 ---

Ingkang kaping kalih, rama kula kangjêng sultan sakalihan kangjêng sunan ing Surakarta, sampun sêdhiya dêdamêling ayuda sakalangkung kathah, punapa malih adamêl prajurit ewon, nanging taksih kadamêl wados.

Ingkang punika, kangjêng eyang, paduka kula aturi rawuh dhumatêng ing Ngayogyakarta, saha angirida wadyabala ingkang kathah, bilih kangjêng eyang sampun rawuh wontên ing Ngayogya, kula badhe anyaosi wuninga marginipun malêbêt paduka sawadyabala dhatêng salêbêting kadhaton, ing saèstu langkung gampil, tumuntên paduka sagêd mikut rama kula ingkang botên sêtya mêmitran kalihan kangjêng Kumpêni Inggris.

Wusana sangêt-sangêt panuwun kula ing kangjêng eyang, tumuntêna enggal rawuh dhumatêng nagari Ngayogya, wondèntên ingkang badhe ambêbaluhi karsanipun kangjêng eyang, anak kula Pangeran Adipati Arya Dipanagara, kalihan santana kula Pangeran Arya Natakusuma. Titi.

Sinêrat ing Ngayogyakarta tanggal kaping 15 wulan Juli, taun 1812.

--- 13 ---

Ingkang pratôndha Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, ing nagari Ngayogyakarta.

Kacariyos, kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana gurnadur jendral, amiyarsa suraosing nawala saking Pangeran Adipati anom ing Ngayogyakarta, sakalangkung pangunguning panggalihipun, enggal dhawuh dhatêng urdênas kinèn animbali Pangeran Adipati Mangkunagara. Botên dangu Pangeran Mangkunagara sampun sowan ing ngabyantara gurnadur jendral. Kangjêng tuwan ingkang agêng angandika arum:

Kangjêng gusti, salêbêtipun wontên praja Batawi, punapa botên kenging panggodha punapa-punapa.

Nuwun kangjêng eyang, saking pangèstu paduka manggih wilujêng.

Kajawi punika, mila kangjêng gusti kula aturi, awit kula anampèni sêrat saking Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara ing Ngayogyakarta, lah, punika sêratipun mugi kula aturi maos.

Nawala enggal katampenan lajêng kawaos saha sampun mangêrtos suraosipun sadaya. Kangjêng tuwan ingkang agêng angandika.

--- 14 ---

Punapa wayah kula sampun têpang kalihan adipati anom ing Ngayogya wau.

Nuwun, kula sampun têpang sae.

Makatên malih, wayah kula punapa sampun mirêng bilih ratu kêkalih: sultan ing Ngayogya kalihan ing Surakarta, badhe balela angrisak pangwasaning Kumpêni Inggris.

Kangjêng eyang, punika kula botên mirêng.

Lah, punapa wayah kula pitados ing atur pratelanipun pangeran adipati anom wau.

Nuwun, saking pamanggih kula ing saèstu kenging dipun pitados, karana mokal bilih darbe atur dora ing kangjêng eyang.

Saking rêmbag pamrayoginipun wayah kula kadospundi, punapa kabêdhami rumiyin, punapa lajêng kagêbag ing prang.

Nuwun inggih, kangjêng eyang, saking têtimbangan kula: langkung prayogi paduka angatingalakên daya pangwasanipun Kumpêni Inggris, manawi kabêdhami rumiyin, bokmanawi ratu

--- 15 ---

kêkalih wau angintên paduka ajrih dhatêng piyambakipun. Dene karaton ing Ngayogyakarta kula anyumanggakakên kangjêng eyang ing panggêbagipun. Mênggah karaton ing Surakarta kula sagah piyambak anglêbur utawi anyêpêng susunanipun, sampun mawi kangjêng eyang ambantoni, paduka priksani saking katêbihan kemawon.

Inggih, kangjêng gusti, sangêt panarimah sarta bingah kula antêp prasêtyaning wayah kula, sampun mêsthi badhê kula gêbag ing prang, kula badhe angatingalakên daya sarta kasantosanipun Kumpêni Inggris. Nanging ing ngajêng nalika kula badhe pangkat saking Kalkotah, kula dipun wêling kalihan kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana Litnan Gurnadur Jendral, Lorêtminto, bilih kula manggih pakèwêd kridhaning praja, ingandikakakên rêrêmbagan kalihan Radèn Adipati Citrasama, bupati ing Japara.

Kangjêng gusti matur: Inggih, kangjêng eyang, pancèn bupati ing Japara tiyang pintêr mawi kêndêl, pantês kadhahar saaturipun. Saha kula cumadhong dhawuh, benjing punapa bidhalipun kangjêng eyang.

--- 16 ---

Pangandikanipun kangjêng tuwan agêng: Benjing êmbèn kula bidhal saking Batawi numpak kapal prang, kula bêkta wadyabala Sêpèi ingkang anyêkapi kaabên pêrang, saha wayah kula kangjêng gusti kula karsakakên dhèrèk minôngka kanthi kula wontên ing pabaratan.

Nuwun inggih sandika, kangjêng eyang.

Kocapa solahipun prajurit Sêpèi kawan bragada ingkang badhe lumampah nglurug, sampun sami minggah dhatêng kapal pêrang, kapal pêrang wontên sakawan, kapal ingkang momot têtêdhan utawi pirantos pêrang kalih baita kapal. Kangjêng tuwan ingkang agêng gurnadur jendral sakalihan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara saha para opisir, sampun sami minggah dhatêng kapal. Botên watawis dangu wontên têngara mungêl sasmita bidhal, sakathahing palwa kapal mancal ambabar layar, para wadyabala rame swaranipun, sampun lêpas lampahing kapal botên kacariyos rêroncènipun wontên ing samodra, enggalipun dumugi palabuhan ing Sêmarang. Kangjêng tuwan ingkang agêng dhawuh dhatêng sèkrêtaris jendral, [je...]

--- 17 ---

[...ndral,] kinèn adamêl sêrat animbali Radèn Adipati Citrasama, bupati ing Japara, sakulawangsanipun sadaya miwah mirantosa sadêdamêling ayuda. Baita alit satunggal katumpakan urdênas lumampah dhatêng Japara, sampun bidhal layar. Kangjêng tuwan ingkang agêng sampun tumêdhak saking kapal minggah dhatêng dharatan sawadyabala sadaya, tuwan oprup utawi tuwan kumêndur sarta kumêndhan, punapa malih Walandi mardika sami mêthuk wontên ing ngêbum, para wadyabala Sêpèi malêbêt ing tangsi, kangjêng tuwan gurnadur jendral atêtabean dhatêng para tuwan-tuwan ingkang ngaturi urmat mêthuk, sasampunipun atêtabean, lajêng masanggrahan ing loji agêng Sêmarang.

Kacariyos, Radèn Adipati Citrasama, bupati ing Japara, sowan ing ngarsanipun kangjêng tuwan ingkang agung gurnadur jendral, saha lajêng têtabean, kangjêng tuwan ingkang agêng ambagèkakên:

Radèn adipati, sadhatêngipun wontên ing Sêmarang ngriki, punapa sami manggih wilujêng.

--- 18 ---

Nuwun inggih, saking pangèstunipun kangjêng tuwan agêng manggih wilujêng sakulawôngsa kula sadaya.

Radèn adipati, awit ingkang asma Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana Lorêtminto, litnan gurnadur jendral ing nagari Kalkotah, aparing tabe miwah kaurmatan akathah-kathah, dhumatêng radèn adipati sakalihan ingkang garwa radèn ayu, tuwin putra santana sadaya.

Radèn adipati matur sarwi anêkêm mustaka: Nuwun, nuwun, kangjêng tuwan agêng, saking sih kamirahanipun kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana litnan gurnadur jendral ing Kalkotah, aparing tabe dhumatêng kula saanak bojo miwah kadang kadeyan kula sadaya, sakalangkung sangêt panuwun pamundhi kula ing êmbun, saha matur namung sêtya tuhu kula katur kangjêng Kumpêni Inggris.

Mila radèn adipati kula timbali, badhe kula pundhuti pamrayogi, karana kula sampun anampèni nawala saking kangjêng pangeran adipati anom ing Ngayogyakarta, lah punika sêratipun, radèn adipati amaosa.

--- 19 ---

Nawala enggal katampenan dening bupati Japara, sasampunipun kawaos, kangjêng tuwan agêng ngandika:

Kadospundi ingkang dados pamanggihipun radèn adipati, punapa inggih kenging dipun pitados ingkang kasêbut sêrat wau.

Nuwun, kangjêng tuwan agêng, saking pamanggih kula kenging dipun pitados, mokal bilih matur alalawara dhatêng sri paduka, punapa malih kula sampun mirêng pawartos bilih sultan ing Ngayogyakarta badhe angrisak pangwasanipun kangjêng Kumpêni Inggris, katôndha sampun mirantos dêdamêling ayuda, miwah angwontênakên wadyabala kathah. Dados saking pamanggih kula, sri paduka kangjêng tuwan agêng, kêdah angatingalakên daya pangwasanipun Kumpêni Inggris, pêrlu sangêt ing karaton Ngayogyakarta dipun gêbag ing prang, mumpung latu taksih sakonang, awit manawi latu wau sampun murub agêng, sagêd amrèntèk angômbra-ômbra, ing saèstu awrat sêsanggènipun, bilih ing sapunika paduka karsaa paring palilah dhumatêng kula, kula sagah piyambak sakadang kadeyan kula sadaya, [sa...]

--- 20 ---

[...daya,] purun anglêbur nagari Ngayogya, paduka miyarsakakên saking Sêmarang kemawon, ing sapunika kula sampun mirantos tiyang sanambang.

Mênggah kangjêng sunan ing Surakarta, kadospundi pamanggihipun Radèn Pati.

Nuwun inggih, kangjêng tuwan agêng, kula kalilana matur pratela, ing ngajêng kula punika tiyang alit, ngantos sagêd pikantuk pangkat nama adipati, punika awit sih kamirahanipun ingkang sinuhun kangjêng sunan ing Surakarta, jalaran saking antêp sêtya kula kalihan nata. Môngka ing sapunika kula badhe malês awon, dados kula badhe dipun surak tiyang sanuswa Jawi: endah-endah Si Citrasama iku turune wong pidak padarakan, yèn nêmu kamuktèn banjur lali asal tik iyike ing ngarêp, karana kalimput ing kamulyan.

Inggih, Radèn Pati, tekad ijêngandika punika kula anyondhongi, lah prayoginipun kadospundi.

Nuwun inggih, kangjêng tuwan agêng, bilih karaton ing Ngayogyakarta sampun bêdhah, kula kalilana lumampah

--- 21 ---

dhatêng nagari Surakarta, sowan sang aprabu ambêdhami, ewadèntên manawi sang prabu botên karsa kula bêdhami amrih raharjaning nagari, punika kula purun angrisak nagari Surakarta, sarta kula badhe botên gigrig atandhing sumêngka.

Kangjêng tuwan agêng jumênêng saking kursi lajêng angrangkul dhatêng adipati ing Japara, sarwi angandika: aturipun Dèn Pati sadaya wau, punika nama tekad ingkang utama, dados sapunika kula pancas mêsthi karaton ing Ngayogya kula gêbag ing ayuda, angkat kula benjing enjing sawadyabala Sêpèi, Dèn Pati kula purih lumampah rumiyin minôngka manggalaning prang.

Kocapa Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara, utusan abdi satunggil lumampah dhatêng Surakarta mundhut prajurit Mangkunagaran, kadhawuhan nusul dhatêng Ngayogyakarta mêdal ing Rêdikidul.

Kacariyos, prayagung luhur saking Surakarta tuwin Ngayogyakarta, pangeran kêkalih, bupati kêkalih, pênèwu mantri sajajaripun, saha angêrig para lurah bawah [ba...]

--- 22 ---

[...wah] Salatiga, Têngaran, Bahrawa sarta Ungaran, langkêp sadêdamêling ayuda sami baris wontên ing candhi, sakidulipun kitha Samarang, kintên têbihipun saking kitha Samarang tigang pal, saha mawi mariyêm agêng-agêng kathah, kapasang majêng mangalèr, obat mimisipun kathah, awit ing candhi wau papanipun inggil sangêt, langkung prayogi kangge nyanjata mêngsah ingkang sawêg lumampah amuwung saking nginggil, saha botên wontên margi malih namung margi satunggal, dados bilih mêngsah saking kitha dumugi ing Jomblang, sampun katingal gawang-gawangan saking candhi. Môngka radinanipun saking Jomblang minggah andêdêr, saupami kabendrong mariyêm utawi sanjata kathah saking candhi, sampun têmtu mêngsah lêbur tanpa kukupan, karana botên sagêd malês. Amila para tiyang ingkang baris, anêmtokakên ungguling jurit, para panèwu mantri jajar tuwin lurah dhusun sampun pating bathithit.

Kocap sampun gagat raina, para prajurit Sêpèi kawan bragada sampun bidhal mêdal saking tangsi andalêdêg anglir sêmut mêdal saking lèngipun, panganggenipun rasukan sangkêlat [sang...]

--- 23 ---

[...kêlat] abrit sadaya, manawi kadulu saking katêbihan kados rêdi kabêsmi alêlampah, satêpining radinan agêng kathah ingkang ningali, bêlêg uyêl-uyêlan rêbat ngajêng, awit nêmbe ningali prajurit rasukan jingga. Sri paduka kangjêng tuwan agêng gurnadur jendral anitih titihan wijil saking Pèrsi, ingkang wontên pêngkêran kangjêng gusti, inggih nitih turôngga kalihan Dipati Japara. Sarêng dumugi ing Jomblang, prajurit ing ngajêng asasmita ungêling salomprèt, bilih ing ngajêng wontên baris agêng. Kumêndhan parentah dhatêng sêtabêl angêdrèl mariyêm ingkang kaisenan mimis agêngipun sakalapa satabonipun. Wadyabala Jawi sarêng kadhawahan pelor mariyêm ingkang agêngipun sakalapa, lajêng giris sami anilar galanggang, waos sanjata katilar sadaya, sami lumajêng asipat kuping, wontên ingkang singidan ing jurang, pèrèng, wana, rêdi. Sampun rêsik prajurit Jawi kados dipun saponi, mriyêm-mriyêm wau dumuginipun sapunika taksih kathah katumpuk-tumpuk wontên ing candhi. Tiyang sêpèi lumampah minggah, dumugining candhi sampun sêpi [sê...]

--- 24 ---

[...pi] mamring, kangjêng tuwan agêng agèdhèg-gèdhèg gumun, dene kathahing mariyêm agêng-agêng, angandika dhatêng Pangeran Mangkunagara, tuwin Adipati Japara:

Dhuh, kangjêng gusti, saupami mêngsah Jawi gadhaha manah tanggon, prajurit Inggris sampun têmtu lêbur sadaya saking kathahing mariyêm agêng-agêng, môngka mêngsah wontên nginggil pambendrongipun amuwung.

Kangjêng gusti matur: Nuwun inggih, eyang, saèstu prajurit Sêpèi karisakan agêng, punika pratôndha lampah paduka rinilan ing Gusti Allah, dene pikantuk margi gampil.

Lampahipun tuwan agêng dumugi ing Bahrawa kèndêl angasokakên wadyabala Sêpèi, nyipêng sadalu, sarêng enjing bidhal lèrèh nyipêng sadalu wontên kitha Magêlang.

Kacariyos, kangjêng sultan ing Ngayogyakarta, sampun miyarsa warta bilih mêngsah wadyabala Kumpêni Ingris badhe dhatêng anggêbag karaton. Sang prabu dhawuh dhatêng putra santana miwah wadyabala sadaya, badhe kalawan saking salêbêting balowarti, pojok-pojok balowarti

--- 25 ---

sampun kadekekan mariyêm agêng-agêng, kiwa têngêning wiwara brajanala ugi kadekekan mariyêm agêng-agêng, sanèsipun sami baris sapinggiring balowarti ing nglêbêt, karana balowarti Ngayogya sakalangkung kandêl saha santosa, jagangipun lêbêt wiyar kailenan toya saking lèpèn Kênanga.

Gêntos cinariyos, sarêng sampun wanci bang-bang wetan, wadyabala Sêpèi bidhal saking Magêlang dhatêng nagari Ngayogyakarta, wanci bakda ngisa dumugi ing kitha, pancèn dipun sêngaja lêbêtipun dhatêng praja dalu. Ingkang amêthuk tuwan oprup, sèkrêtaris sarta kumêndhan, wontên ing Tugu, tuwan agêng sampun malêbêt ing loji agêng sawadyabala Sêpèi, Pangeran Mangkunagara lèrèh wontên ing natakusuman, saha wadyabala Mangkunagara sampun dhatêng ing Ngayogya sadaya, Adipati Japara lèrèh wontên ing Tugu.

Kacariyos, kangjêng gusti pangeran adipati anom, pinarak wontên pandhapa kaadhêp Pangeran Dipanagara kalihan Pangeran Natakusuma. Kangjêng gusti pangeran adipati andangu dhatêng Pangeran Dipanagara:

--- 26 ---

He, kulup Dipanagara, apa pawartane ing jaba.

Nuwun, abdi dalêm sampun sumêrêp piyambak, bilih eyang dalêm kangjêng tuwan agêng Gurnadur Jendral Inggris sampun rawuh, lèrèh wontên loji agêng, angirid wadyabala Sêpèi kathah, langkêp ing sadêdamêlipun, ingkang andhèrèkakên priyagung Jawi kêkalih, inggih punika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara, akalihan Radèn Adipati Citrasama, bupati ing Japara, tuwin ambêkta wadyabala Jawi kathah.

Kangjêng pangeran adipati anom angandika: Prayogane ing wêngi iki sira lumakua marang loji gêdhe karo Natakusuma, aturna tabeningsun, lan matura prasaja bangêt suka bungahing panggalih ingsun, kangjêng eyang wus karsa rawuh dhewe marang nagara ing Ngayogyakarta, ingsun angaturi dalan miyosa bètèng karaton kang wetan pênêr ing kadipatèn, ing kana wus ingsun bobok ômba sêdhêng diambah ing mariyêm, yèn kaparêng ingsun aturi tumuli nêmpuh kadhaton, karana manawa nganti kasuwèn mundhak enggal kajuwara ing akèh, ora

--- 27 ---

bêcik kadadeyane, wis mangkata, kulup, lumakua dhêdhêmitan.

Pangeran kêkalih sampun lèngsèr saking ngarsa, mêdal sajawining kadhaton, lajêng malêbêt ing loji agêng. Kangjêng tuwan ingkang agêng sampun pinarak wontên ing ngajêngan, dipun adhêp Kangjêng Gusti Pangeran Dipati Mangkunagara kalihan Adipati Citrasama, kasaru sowanipun pangeran kêkalih, kangjêng tuwan agêng jumênêng saking kursi lajêng ngancarani, pangeran kêkalih sampun atêtabean, tumuntên kaaturan pinarak ing kursi. Kangjêng tuwan anêmbrama dhatêng tamu kêkalih:

Dhuh kangjêng pangeran, punapa sami wilujêng rawuhipun wontên ing loji agêng.

Nuwun, kangjêng eyang, saking pangèstu paduka sami manggih raharja, mênggah sowan kula ing ngarsa paduka, kula kautus kangjêng rama: Kangjêng pangeran adipati anom, ngaturakên ingkang tabe miwah kaurmatan akathah-kathah, saha angaturi kasugênganipun kangjêng eyang rawuhipun wontên nagari Ngayogyakarta.

--- 28 ---

Inggih, kangjêng pangeran, saking puji pangajabipun wayah kula kangjêng gusti, manggih rahayu.

Kajawi punika kula kautus kangjêng rama, matur kangjêng eyang, paduka dipun aturi tumuntên nêmpuh ing kadhaton, miyos ing balowarti ingkang wetan, pancêripun ing dalêm kadipatèn, ing ngriku sampun kadamêlakên margi, sarana ambobok balowarti sarta ngurug jagang, ingkang taksih winados, awit manawi ngantos kadangon mindhak kajuwara ing akathah, badhe botên prayogi kadadosanipun, dados lêbêtipun kangjêng eyang mêdal cêpuri kadipatèn, lajêng sagêd jujug ing salêbêtipun dhatulaya, panggenan palênggahanipun kangjêng eyang sultan.

Kangjêng tuwan ingkang agêng ngandika: Inggih kangjêng pangeran, sakalangkung sangêt suka panarimah kula, dene wayah kula kangjêng gusti karsa ambelani ingkang badhe adamêl kasusahanipun Kumpêni Inggris, saèstu ing salami-laminipun Kumpêni Inggris botên supe-supe saking labêt sêtyanipun wayah kula, ngantos botên ketang mêmêngsahan kalihan ingkang rama, namung angantêpi lêrês. Kajawi punika tuwan [tu...]

--- 29 ---

[...wan] pangeran matur ing kangjêng gusti, bilih ing dintên benjing enjing wanci pukul sakawan enjing, kula anyarirani piyambak dados manggalaning ayuda nêmpuh kadhaton.

Nuwun inggih, kangjêng eyang, kula sakêthi jumurung, dene kangjêng eyang karsa anyarirani pribadi. Kajawi punika bilih sampun têrang dhawuh timbalanipun kangjêng eyang, kula nyuwun mundur.

Inggih, tuwan pangeran, namung tabe kaurmatan kula katur kangjêng gusti.

Kangjêng tuwan agêng jumênêng têtabean. Sasampuning mundur pangeran kêkalih, kangjêng tuwan agêng ngandika dhatêng Kangjêng Gusti Pangeran Mangkunagara, kalihan adipati ing Japara:

Kangjêng gusti tuwin radèn adipati, benjing enjing wanci pukul sakawan enjing sampuna sêdhiya wontên ing loji agêng, kula nyarirani piyambak anêmpuh kadhaton, anurut pitêdahipun kangjêng gusti pangeran adipati anom.

Prayagung kalih matur sandika, lajêng bibaran.

Kacariyos, kangjêng gusti pangeran adipati anom, [ano...]

--- 30 ---

[...m,] tansah angarsa-arsa dhatêngipun putra kêkalih ingkang kautus dhatêng loji agêng. Botên dangu pangeran kêkalih dhatêng, lajêng sowan ngabyantara rama, kangjêng gusti andangu:

Kapriye, kulup, lakunira wong loro, apa olèh gawe.

Nuwun inggih, kangjêng rama, pangèstu dalêm pikantuk damêl, awit dhawuhipun kangjêng tuwan gurnadur jendral, andadosakên suka bingahing panggalih, karana panjênêngan dalêm karsa bela anglabuhi paring margi gampil lumêbêt ing kadhaton, saking dhawuh pangandikanipun kangjêng tuwan agêng, bilih ing dintên benjing enjing wanci pukul sakawan enjing, karsa nyarirani piyambak anêmpuh kadhaton, anurut saking pitêdah panjênêngan dalêm.

Yèn mêngkono, kulup, saiki uga balowarti bêdhahên, lan jagang urugana kang padha karo ratan supaya mariyêm bisa lumêbu kadhaton, sarta sira sesuk angirida marang Kumpêni Inggris, anuduhna pasareane rama prabu banjur kakêpunga, ing kono gampang pamikute eyangira.

--- 31 ---

Lajêng kadhawuhakên panèwu mantri tuwin jajar ing kadipatèn, botên antawis dangu sampun rampung sadaya.

Kangjêng gusti andangu dhatêng putra: Kulup, ing nalika sira sowan kangjêng tuwan agêng apa ora ana dhayoh priyayi Jawa.

Nuwun, rama: botên wontên, namung Pangeran Adipati Mangkunagara akalihan Adipati Citrasama ing Japara, punika bêktan saking Batawi.

Sokur yèn ora ana wong Ngayogya kang sowan, kajaba iku, kulup, bocahira kadipatèn dhawuhana samêkta sagêgamane baris pêndhêm ana kadipatèn, yèn ana kasêsêre prajurit Inggris, ingsun banjur anêmpuh.

Kocapa, sarêng loncèng sampun katabuh tiga, wadyabala Sêpèi sampun amirantos sadaya, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara kalihan Radèn Adipati Citrasama, sasêntananipun tuwin para prajurit pêpilihan sèwu, sampun sêdhiya wontên kori loji ingkang wetan. Prajurit Sêpèi kawan bragada sampun [sampu...]

--- 32 ---

[...n] mêdal saking loji agêng kalihan slênthêman, botên kenging tiyang anywara, tambur slomprèt botên mungêl, lampahipun kalihan lirih, Adipati Japara saprajuritipun wontên ing ngajêng, kasambêtan prajurit Sêpèi, kangjêng tuwan agêng wontên wingking kalihan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara, saking loji agêng mangetan sakêdhik lajêng mangidul lêrês. Sarêng dumugi pojoking balowarti wetan sakidulipun sakêdhik, balowarti sampun kabobok, jagang sampun kaurug wradin. kangjêng gusti pangeran adipati anom, kalihan Pangeran Dipanagara tuwin Pangeran Natakusuma, ingkang atêdah margi sarta anêdahakên gêdhong pasareanipun kangjêng sultan. Ingkang wontên ngajêng piyambak Adipati Japara sasêntananipun, lajêng wadya Sêpèi, kangjêng tuwan agêng sampun apêpanggihan kalihan kangjêng gusti pangeran adipati anom, lajêng atêtabean, andhèrèkakên lumêbêtipun kangjêng tuwan ingkang agêng dhatêng dhatulaya.

Kacariyos ing salêbêting kadhaton, para abdi dalêm priyantun jalêr èstri sami kagèt aningali prajurit [prajuri...]

--- 33 ---

[...t] rasukanipun abrit saha anyêpêng sanjata utawi pêdhang ligan, swaranipun pating carêngkling saking gathiking pêdhang kalihan bayinèt. Jalêr èstri sakadhaton gègèr apuyêngan, kados gabah dipun intêri, botên kantênan ingkang dipun ungsèni, dalêm prabasuyasa sampun kakêpung prajurit Sêpèi sarta prajurit ing Japara, miwah prajurit ing Mangkunagaran.

Kocap Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana ingkang kaping II ing Ngayogyakarta, sadhatênging mêngsah taksih sare, kagèt wungu mirêng ing kadhaton udan tangis. Sarêng wiwara dalêm agêng dipun êngakakên, sang prabu langkung kagèt amriksani saradhadhu Sêpèi angêpung dalêm prabasuyasa, sang prabu lênggah botên sagêd ngandika, kawêwahan dipun tangisi garwa putra tuwin para biyada. Kangjêng tuwan ingkang agêng dhawuh dhatêng para opisir anyêpêng kangjêng sultan, sang prabu nutut kemawon, lajêng katumpakakên kareta kabêkta dhatêng loji agêng.

Bêdhahipun karaton nagari Ngayogyakarta Adiningrat. kala taun Walandi 1812.

--- 34 ---

Kacariyos, kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana Gurnadur Jendral Tomas Sêtamporêt Raplês, lênggah wontên ing pandhapa agêng jajar lênggah kalihan kangjêng gusti pangeran adipati anom, saha Pangeran Dipanagara, Pangeran Natakusuma, sarta kalihan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara ing Surakarta, pêpatih karaton miwah para bupati ing Ngayogyakarta, sami sumiwi wontên ngabyantara sri paduka kangjêng tuwan ingkang agêng.

Kangjêng tuwan ingkang agêng ngandika: Radèn Adipati Danurêja, lan para bupati ing karaton Ngayogyakarta kabèh, awit ingkang asma kangjêng Kumpêni Inggris, yèn Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana kaping II narendra ing Ngayogyakarta, rèhne wus têrang bakal anglêbur pangwasaning kangjêng Kumpêni Inggris, ing saiki ingsun undur saka kaprabone sultan, lan ingsun singkirake saka pulo Jawa, ingsun dokok marang pulo Pinang, kawuwuhan manèh minôngka wragating prajurit, lêmah Kêdhu, Pacitan, Japan (Majakêrta), Jipang (Bojanagara) sarta Grobogan dadi jajahan Inggris. Dene kang ingsun têtêpake anggêntèni [anggêntè...]

--- 35 ---

[...ni] jumênêng nata ana karaton ing Ngayogyakarta Adiningrat, iya iku Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara sudibya rajaputra narendra ing Mataram, mungguh asmaning nata anunggaksêmi kaya ingkang rama, ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana ingkang kaping III Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalipatullah, Narendra ing nagara Ngayogyakarta Adiningrat. Mêngkono manèh ingsun janji marang sultan anyar saka panguwasane Kumpêni Inggris kalilan angangkat utawa angêdhunake pêpatih ing karaton. Apamanèh sarèhning Pangeran Arya Natakusuma wus lêlabêt katon sêtya tuhune marang Kumpêni Inggris, mulane ingsun ganjar kalungguhan kayadene Pangeran Adipati Mangkunagara ing Surakarta, ingsun paringi lungguh bumi tanah ing dhistrik Karangkamuning ing antaraning kali Praga lan kali Bogawônta, sarta pangeran mau olèh sêsêbutan Pangeran Adipati Pakualam, turun-tumurun marang putra wayahe. (Kala ing taun Walandi 1812).

--- 36 ---

Sasampuning pragad pangandikanipun kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana, dhawuh bibaran, lajêng kondur ing loji agêng, para priyagung kondur ing dalêmipun piyambak-piyambak.

Kocapa, kangjêng tuwan agêng rawuh ing loji agêng kadhèrèkakên priyagung kêkalih, sasampunipun sami lênggahan, kangjêng tuwan agêng angandika:

Kangjêng gusti kalihan radèn adipati, sarèhning nagari Ngayogyakarta sapunika sampun padhang, botên wontên ruwêdipun karaton ing Surakarta kadospundi saking rêmbagipun prayagung kêkalih.

Citrasama matur: Nuwun, kangjêng tuwan agêng, kula botên darbe atur kêkalih, namung kados atur kula wontên Samarang.

Kangjêng gusti kadospundi pamanggihipun.

Nuwun inggih, kangjêng eyang, kula inggih anyondhongi aturipun kakang adipati, bilih botên kenging kabêdhami, kula ingkang sagah angrisak karaton Surakarta, utawi amikut sunanipun.

--- 37 ---

Lah prayagung kêkalih kula utus dhatêng Surakarta, awit saking asmanipun Kumpêni Inggris, sarèhning kangjêng sunan ing Surakarta, sampun sarêmbag abipraya kalihan sultan ing Ngayogyakarta, badhe anyirnakakên tiyang Inggris ingkang ngasta pangwasa pulo Jawi, ingkang môngka sampun kula cêpêng sêratipun prajanjian ratu kêkalih wau saha sami ngasmani, mila lajêng katodhia kemawon, mêthuk ing prang punapa bêdhami, manawi nêdha bêdhami ing saèstu kula enggal dhatêng ing Sala. Mila prayagung kêkalih sagêda lumampah lêlancaran kemawon, sampun ngantos dangu wontên ing Surakarta.

Prayagung kalih matur sandika lajêng atêtabean, pamit mundur.

Kacariyos, para wadyabala ing Surakarta barisipun agêng katindhihan para pangeran sêpuh utawi anèm, miwah para bupati nayaka sakawan tuwin bupati môncanagari saprajuritipun, bêlêg wontên ing Prambanan langkêp sadêdamêlipun, nanging dèrèng wontên ebah, margi dèrèng pikantuk warti kawontênanipun nagari Ngayogyakarta, [Ngayogya...]

--- 38 ---

[...karta,] bilih sampun mirêng campuhing ayuda lajêng anêrambul pêrang. Kasaru mantri pacalang matur:

Dhuh, gusti, kawula anyaosi wuninga, bilih wontên prayagung kêkalih kairing tiyang nênêm sami numpak kapal, warninipun enggal-enggalan, nanging kawula dèrèng waspaos têrang, sintên ingkang numpak kapal wau.

Pangeran Mangkubumi dhawuh samêkta ing aprang. Para pangeran, sarta para bupati sadaya sami ngadêg amaspaosakên dhatêng prayagung ingkang badhe dhatêng wau. Sarêng sampun ragi cêlak botên samar bilih Pangeran Mangkunagara kalihan Adipati Citrasama, para prayagung sami amêthukakên. Pangeran Mangkunagara tuwin Adipati Japara tumêdhak saking kapal, sasampuning bage-binagèkakên. Pangeran Mangkubumi nungsung wartos. Pangeran Mangkunagara matur:

Nuwun, kula ngaturi wuninga ing panjênêngan, bilih karaton Ngayogyakarta sampun bêdhah dening Kumpêni Inggris, saha kangjêng sultan sampun kalorod saking kaprabonipun narendra, saha badhe kakendhangakên dhatêng

--- 39 ---

pulo Pinang sabrang, ingkang gumantos nata pangeran adipati anom. Punapa malih Pangeran Arya Natakusuma, kawisudha pangkat kados kula, nama Pangeran Adipati Pakualam, kapatêdhan lênggah siti tigang èwu karya ing Karangkamuning. Dene lampah kula punika kautus kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana Gurnadur Jendral Inggris, sarèhning kangjêng sunan sampun kawuningan ing Kumpêni Inggris, anggènipun sampun sarêmbag saekapraya kalihan Kangjêng Sultan Ngayogyakarta, kula ingutus anodhi dhatêng kangjêng sunan, mêthuk pêrang punapa bêdhami. Bilih karsa bêdhami têmtu badhe manggih raharja sakawula alit sadaya.

Pangeran Mangkunagara tuwin Adipati Citrasama enggal pamit pangkat dhatêng Sala. Sapêngkêripun prayagung kêkalih, Pangeran Mangkubumi saprajuritipun sadaya sami ngênês samar akêtir-kêtir, lajêng lêmês anggaotaning salira, sirna daya kêkiyatanipun, saha ulatipun sami aclum abrit dalancang, ing wusana lajêng sami ngalèlèh wontên ing parumputan.

--- 40 ---

Prayagung kêkalih sampun dumugi ing nagari, lajêng têrus malêbêt ing kadhaton lèrèh wontên kori srimanganti, priyantun panèwu ingkang caos enggal angunjuki wuninga ing sampeyan dalêm, sang prabu dhawuh enggal ingandikan. Prayagung kêkalih sampun sowan wontên ing ngabyantara nata. Sang prabu sêmu gugup aningali sowanipun prayagung kalih, enggal ambagèkakên ngandika ragi groyok.

He, kulup Mangkunagara, lan Si Adipati Citrasama, apa sira padha kaslamêtan têkanira ana ing Sala.

Kawula nuwun, gusti, saking pangèstu dalêm, abdi dalêm sakalihan manggih wilujêng, mênggah wigatosipun: sowanipun abdi dalêm kêkalih dipun utus eyang dalêm kangjêng tuwan agêng ingkang wicaksana Tomas Sêtamporêt Raplês, Gurnadur Jendral Inggris, ingkang ngasta pangwasa ing pulo Jawi, ingkang sawêg wontên nagari Ngayogyakarta, aparing wuninga ing sampeyan dalêm, bilih kangjêng sultan ing Ngayogyakarta ing sapunika sampun kaundur saking kaprabonipun, saha badhe kakendhangakên dhatêng pulo [pu...]

--- 41 ---

[...lo] Pinang. Wondèntên ingkang gumantos dados sultan ing Ngayogyakarta, pangeran adipati anom, saha asma anunggaksêmi ingkang rama, ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana kaping III Sayidin Panatagama, Kalipatullah. Makatên malih Pangeran Natakusuma kinulawisudha nama Pangeran Adipati: Pakualam, lênggah siti tigang èwu karya, tanah ing Karangkamuning sakilèn Praga. Sarèhipun eyang dalêm kangjêng tuwan agêng, sampun angwuningani têrang, bilih sampeyan dalêm sampun kintun-kintun sêrat dhatêng sultan ing Ngayogyakarta, rêmbag saekapraya badhe angrisak pangwasanipun kangjêng kumpêni Inggris ing pulo Jawi, satêmah Sultan Ngayogya kabêdhah karatonipun, sultanipun kakendhangakên, sapunika kadospundi ingkang dados karsa dalêm.

Sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng sunan, sarêng amiyarsa aturipun Pangeran Adipati Mangkunagara, sakalangkung kagèt miwah dher-dheran ing panggalih, pasuryan katingal biyas, sarira gumêtêr, pangandikanipun sangsaya groyok, wusana angandika lirih:

--- 42 ---

He, kulup Mangkunagara, yèn sira bisa ngêjum ambêdhamèkake sariraningsun marang kangjêng tuwan gurnadur jendral, sira ingsun ganjar bumi ing Kaduwang pitung puluh jung, sanajan sira Dipati Citrasama ingsun uga paring ganjaran akèh.

Prayagung kêkalih matur nuwun kapundhi, Pangeran Mangkunagara matur: Kawula nuwun, gusti, bilih makatên kêdah wontên ingkang dados sarananipun, awit sampun dados limrahipun rêmbag prakawis karaton Jawi punika, kêdah andangu dhatêng para pangeran utawi dhatêng bupati nayaka sarta pêpatih karaton, sarèhipun sampeyan dalêm bab prakawis punika sampun botên sagêd selak, prayoginipun sampeyan dalêm amasrahakên prayagung ingkang sampun ambêbangus utawi angojok-ojoki ing sampeyan dalêm, lampah ingkang awon, ing saèstu sampeyan dalêm sagêd uwal saking kalêpatan.

Lah, sapa kulup, kang mêsthi ingsun aturake marang kangjêng tuwan agêng.

--- 43 ---

Kawula nuwun, gusti: Ingkang sampeyan dalêm tuju kêdah prayagung ingkang kinintên aturipun kapitados ing narendra.

Mara kulup, mungguh saka kawruhmu, pangeran sarta punggawa sapa kang bakal sira dumuk.

Kawula nuwun, gusti, saking paningalipun abdi dalêm: putra dalêm Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi, kalihan guru nama Bahman Wiradigda, Nur Salèh sarta Kandhuruwan. Manawi ingkang kasêbut punika sampeyan dalêm pasrahakên Kumpêni Inggris, ing saèstu sampeyan dalêm manggih rahayu.

Iya kulup, apa aturira ingsun turut.

Prayagung kalih nyuwun pamit mundur, sampun kalilan. Pangeran Mangkunagara mampir dalêm sakêdhap santun titihan, lajêng bidhal malih wangsul dhatêng Ngayogyakarta. Enggalipun prayagung kêkalih sampun dumugi ing Ngayogyakarta. Wadyabala Surakarta sampun bibar anggènipun baris wontên ing Prambanan, sami mantuk dhatêng Sala.

Kangjêng tuwan agêng gurnadur jendral, lênggah tansah angarsa-arsa dhatêngipun prayagung kêkalih ingkang kautus dhatêng

--- 44 ---

nagari Surakarta, botên dangu prayagung kalih sampun sowan ing ngarsa kangjêng tuwan agêng. Kangjêng tuwan agêng angandika:

Dhuh, prayagung kêkalih, anggènipun lumampah dhatêng Surakarta punapa manggih wilujêng.

Nuwun inggih, kangjêng eyang, saking pangèstu paduka manggih wilujêng. Nuwun, kula kautus dhatêng karaton nagari Surakarta inggih sampun sowan kangjêng sunan, saking dhawuh timbalanipun dhatêng kula, botên sanès kangjêng sunan anyuwun bêdhami, saha sagah angaturakên satunggil prayagung, tuwin guru sakawan, ingkang sampun ambêbangus angojok-ojoki pandamêl ingkang sakalangkung awon, inggih punika: 1. Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkubumi, 2. guru nama Bahman, 3. Nur Salèh, 4. Wiradigda, 5. Kandhuruwan, punika kapasrahakên kangjêng eyang supados kasingkirakên dhatêng tanah sabrang salaminipun gêsang, awit bilih taksih wontên ing tanah Jawi ing saèstu tansah anuwuhakên rarêsah kemawon, dados badhe nyirnakakên tata têntrêmipun kawula alit.

--- 45 ---

Kangjêng tuwan agêng ngandika: Bilih makatên prakawis ing Surakarta sampun padhang, prayoginipun ing dintên benjing enjing kula bidhal dhatêng Surakarta, angrampungakên prakawis bêdhami.

Nuwun inggih sandika, manawi sampun têrang dhawuhipun kangjêng eyang, kula kalihan kakang adipati nyuwun mundur dhatêng pamondhokan.

Lajêng têtabean.

Kocap wadyabala ing Japara sampun kabudhalakên rumiyin, lajêng prajurit Sêpèi kabudhalakên, sarêng lampahipun dumugi Klathèn lèrèh wontên Pambitingan, enjingipun sami bidhal, sontênipun sampun dumugi ing Surakarta, malêbêt ing loji agêng, wadyabala ing Japara lèrèh wontên kapatihan. Tumuntên kangjêng tuwan agêng bidhal saking Ngayogyakarta, kangjêng sultan saha Kangjêng Pangeran Adipati Pakualam, sarta pangeran sanèsipun sami angurmati andhèrèkakên dumugi kikising Prambanan, kèndêl sakêdhap kangjêng sultan miwah Pangeran Pakualam têtabean lajêng kondur dhatêng Ngayogya. [Nga...]

--- 46 ---

[...yogya.] Saking Surakarta ingkang mêthuk radèn adipati tuwin para bupati nayaka sarta pangeran sakawan. Enggaling cariyos sampun dumugi nagari Surakarta, kangjêng tuwan agêng lajêng lumêbêt dhatêng loji agêng, ingkang dhèrèkakên sami mantuk sowang-sowang.

Sarêng enjing kangjêng tuwan ingkang wicaksana litnan gurnadur jendral, sakalihan tuwan sèkrêtaris jendral miwah tuwan oprup saha kumêndhan pêrang, punapa malih Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara, karsa têdhak malêbêt dhumatêng kadhaton, badhe mancasi prakawis bêdhami, pêthukan titihan kareta saking karaton sampun sadhiya wontên ing loji agêng, ingkang pangirid kapal janjam jêne astha, kusiripun Wêlandi, miwah lêgundêr kalih wêlas, opisiripun satunggal, kangjêng tuwan agêng enggal nitih kareta. Sarêng sampun lumêbêt kori brajanala, kangjêng tuwan agêng tumêdhak tindak dharat ngambah kori kamandhungan, dumugi kori srimanganti, ingkang sinuhun kangjêng sunan amêthukakên, lajêng sami têtabean, sarta agandhengan asta. Ingkang sinuhun kalihan tuwan agêng, [a...]

--- 47 ---

[...gêng,] kangjêng pangeran adipati anom agandhengan asta kalihan tuwan sèkrêtaris jendral. Tumuntên sami pinarak ing kursi wontên ing pandhapa agêng. Kangjêng sunan wontên têngênipun kangjêng tuwan agêng, para prayagung luhur sami pinarak ing kursi, pangeran adipati anom, Pangeran Adipati Mangkunagara, saha pangeran ingkang sêpuh-sêpuh sami lênggah ing kursi, radèn adipati pêpatih karaton miwah bupati nayaka wolu sami linggih wontên ing ngandhap sadaya.

Kocapa kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana litnan gurnadur jendral, angandika dhumatêng ingkang sinuhun kangjêng sunan:

Awit ingkang asma kangjêng Kumpêni Inggris, bilih Pangeran Adipati Mangkunagara kakarsakakên amiji wontên sangandhaping pangwasanipun kangjêng Kumpêni Inggris, dados mêdal saking pangwasanipun wayah kula kangjêng sunan, saha kaparingan ganjaran siti sèwu karya, saking anggènipun sampun ambêbaluhi gêbag karaton ing Ngayogyakarta, dados jangkêp lênggah siti gangsal èwu karya, sarta [sar...]

--- 48 ---

[...ta] balônja sabên wulan minôngka têdhaning prajurit, kawan èwu gangsal atus rupiyah.

Saha sapunika ugi kula mundhut tiyang gangsal, ingkang anama Pangeran Adipati Mangkubumi, 2. guru nama Bahman, 3. Nur Salèh, 4. Wiradigda, 5. Kandhuruwan, badhe kula singkirakên saking tanah Jawi dhatêng sabrang, karana sampun ambêbangus saha angojok-ojoki pandamêl ingkang langkung awon.

Awit ingkang asma kangjêng Kumpêni Inggris adamêl sêrat prajanjian kalihan Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IV, minôngka kêkancinganipun karaton nagari Surakarta Adiningrat, kados ing ngandhap punika:

Sarèhning ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sampun kenging panggodhanipun têtiyang ingkang sakalangkung dening awon, angojok-ojoki, tuwin amulang pirêmbag awon, ngantos kenging apus, kalampahan sampun asasêratan, saha pitêpang awon, kalihan kangjêng sultan ing Ngayogyakarta, niyatipun wau punika,

--- 49 ---

sampun sakêlangkung dening têrang, yèn ajêng adamêl rêsah panguwasanipun kangjêng gupêrnêmèn Inggris ing pulo Jawi, sarta prajurit Inggris, awit saking dening punika, kalampahan sami kalêmpakan, saha amêdalakên wragad balônja ingkang sakêlangkung dening kathah, inggih saking angêkahi, tuwin anyêntosani, ing adilipun tuwin ing melikipun kangjêng gupêrnêmèn Inggris ing salêrêsipun, sarta saking kapurunanipun prajurit Inggris, ngantos sultan ingkang damêl kalêpatan wau punika kasirnakake kuthanipun, saha karatonipun sampun karêbat dening prajurit Inggris, punapa malih ingkang sarira sultan, inggih kacêpêng, kalayan malih sarèhning Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sampun angakêni têmên-têmên, wite ingkang dados margi sasêratan rêmbagan wau, saha ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sampun amasrahakên sadaya têtiyang ingkang amulang piawon angojok-ojoki punika, punapa malih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sampun anyumanggakakên saking karsa tuwin pangapuntênipun, saha sih palimarmanipun Kangjêng

--- 50 ---

Gupêrnêmen Inggris. Saha kangjêng gupêrnêmèn Inggris ciptanipun ing salêbêting galih sayêktosipun gadhah pangowêl dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Sampun kayêktosan kasaenanipun tuwin pawong sanakipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan kang dhatêng kangjêng gupêrnêmèn Inggris. Sampun dados suka pirênaning galihipun kangjêng gupêrnêmèn Inggris, amung anêdha gêntosipun wragad bêlanjaning pêrang, ing saprayoginipun. Saking ingkang wau kapêksa, botên kenging botên, ênggènipun damêl pirantosipun pêrang, kêdah anêtêpakên bêdhami, saha anêtêpakên kasênênganipun tuwin raharjanipun ingkang nagari ing têmbenipun malih, pramila ing mangke kangjêng gupêrnêmèn Inggris, karsa adamêl sêrat prajangjian, tatêpangan kalih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, supados andumugèkna saha têtêpa kadidening karsanipun kangjêng gupêrnêmèn Inggris wau.

Prakawis kaping 1

Inggih kangjêng Kumpêni Inggris, kalih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ing Surakarta, ing salami-laminipun badhe

--- 51 ---

bêdhami, sarta apawong sanak ingkang botên pêdhot-pêdhot.

Prakawis kaping 2

Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, asanggêm badhe tumuntên anglêpasakên sadaya prajuritipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Kang sami wontên ing mangke punika, namung kantuna prajurit sèwu, ingkang nami prajurit sinêlir, kalayan malih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan anyanggêmi, sanajan ingkang sinuhun piyambak, tuwin para pangeran, utawi para kapala kang sami wontên ing bawahipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, botên kenging yèn ngantos saha ngadêkakên tuwin angingu malih prajurit liyanipun. Yèn botên kalihan lilanipun kangjêng gupêrnêmèn Inggris. Nanging ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, badhe tampi saking kangjêng gupêrnêmèn Inggris, prajurit sacukupipun ingkang pêrlu kagalih ing kangjêng gupêrnêmèn Inggris, angrêksa nagarinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, tuwin ingkang sarira.

Prakawis kaping 3

Sarèhning kangjêng gupêrnêmèn Inggris, sampun anggalih

--- 52 ---

ênggènipun adamêl wragading pêrang ingkang sawêg kalampahan punika, sarta awit saking kangjêng gupêrnêmèn Inggris, ingkang sampun angaubi dhatêng ingkang sarira ingkang sinuhun kangjêng susuhunan saha nagarinipun. Punapa malih wit saking pangrêksanipun ing pulo Jawi sadaya. Pramila ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm têmên-têmên, pasitènipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ing Kêdhu, ing Pacitan, ing Balora, sarta ing Wirasaba, ing sabawahipun sadaya, pundi ingkang tumut bawah pasitèn wau, punika sami kasaosakên dhatêng kangjêng gupêrnêmèn Inggris. Dados kangjêng gupêrnêmèn Inggris piyambak ingkang andarbèni paprentahan sarta pangawasa ing pasitèn wau punika.

Prakawis kaping 4

Sarèhning ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sampun angyêktosi ing salêbêting galih, yèn saupami kauntunganipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan kacêpênga sarta karekaa ingkang sae, kalayan wagêd ingkang anyêpêng, sampun tamtu pamêdalipun mindhak. Sabab dening punika Ingkang [Ing...]

--- 53 ---

[...kang] Sinuhun Kangjêng Susuhunan asanggêm, sakathahing bandar-bandar, tuwin pêkên-pêkên ingkang wontên ing pasitènipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sadaya, punika kasaosakên ing astanipun kangjêng gupêrnêmèn Inggris, badhe kaparentah sarta kareka piyambak ing kangjêng gupêrnêmèn Inggris, botên kenging sawijining tiyang amunasika. Kalihdening malih, supados ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sampun kantos amanggih kapitunan, pramila kangjêng gupêrnêmèn Inggris, kalayan suka pirênaning panggalih, apêparing yatra dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kalih wêlas lêksa ringgit ing dalêm sataun-taunipun. Kalayan malih kangjêng gupêrnêmèn Inggris, badhe adamêl rêrekan sarta ambaurêksa, supados putra sêntananipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sampun ngantos amanggih pituna, utawi suda saking têdhanipun. Awit saking pêkên-pêkên kang sampun kasaosakên ing kangjêng gupêrnêmèn Inggris wau punika.

Prakawis kaping 5

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm, amiturut [ami...]

--- 54 ---

[...turut] ing sakarsanipun kangjêng gupêrnêmèn Inggris. Prakawis sarang burung ingkang sami wontên nagarinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, punika kasaosakên sadaya, sabab kangjêng gupêrnêmèn Inggris piyambak ingkang anggadhahi melik. Saha kangjêng gupêrnêmèn Inggris piyambak ingkang kenging wade cêmêngan. Ing pundi panggenan kang wontên salêbêting nagarinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Punapa sakarsanipun kangjêng gupêrnêmèn Inggris, ênggènipun anêtêpakên rêrekan ing prakawis punika.

Prakawis kaping 6

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, asanggêm dhatêng kangjêng gupêrnêmèn Inggris. Mênggah sakathahing kajêng jatos ingkang wontên salêbêting nagarinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, punika kasaosakên sadaya ing salami-laminipun. Namung kangjêng gupêrnêmèn Inggris piyambak ingkang adarbe melik, sarta ingkang anguwasani, botên kenging kamunasika dhatêng ing saliyanipun.

--- 55 ---

Prakawis kaping 7

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, ajêng adamêl rêrekan ingkang lêrês. Ingkang têtêp ing pêparentahanipun nagari, dadosa arjanipun tuwin kasênênganing nagari, supados rêrekan punika kenginga kalampahakên ingkang sae, pramila ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm malih, dhatêng amiturut punapa ing sapamulangipun kangjêng gupêrnêmèn Inggris.

Prakawis kaping 8

Mênggah sakathahing têtiyang ing liyanipun, ingkang sami agêgriya ing nagarinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sanadyan jinis saking pundi-pundi, ingkang dede têtiyang Jawi, punika kaanggêp wontên bawah pêparentahanipun ing kangjêng gupêrnêmèn Inggris. Kalayan malih bilih wontên abdinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, adamêl dursila dhatêng têtiyang ingkang wontên ing bawah pêparentahanipun kangjêng gupêrnêmèn Inggris, punika ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm, tumuntên angadili ing prakawisipun, ingkang botên mawi ilon-ilonên, [ilon-ilo...]

--- 56 ---

[...nên,] sarta ingkang andadosakên suka lêganing kangjêng gupêrnêmèn Inggris. Residhènipun kangjêng gupêrnêmèn Inggris, ing sakenging-kengingipun, saupami pêrlu amasthi piyambake tumut angrencangi saking prakawis punika, supados têmên-têmên amanggiha adil.

Prakawis kaping 9

Sampun tamtu yèn ing bawah pêparentahaning nagarinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, akathah warnining ukum ingkang dipun lampahakên dhatêng tiyang dursila, kados ta: ukum ingkang amêsiasat dhatêng ing têtiyang, kakêthok tangan sukunipun, kapêrung, kabungis, kapicis, sarta kaabên kalihan sima, punika ing têmbe malih amasthi kaicalakên pisan ukum ingkang makatên punika.

Prakawis kaping 10

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, ing têmbe malih botên susah mawi anglêbêtakên pamêdaling nagarinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, ingkang dhatêng kangjêng gupêrnêmèn, bôngsa pêthak, ing kalabêtan kang kalawan kapêksa, [ka...]

--- 57 ---

[...pêksa,] tuwin ingkang kabayar botên mantêsi kalihan rarêgènipun.

Prakawis kaping 11

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm botên pisan-pisan, yèn kenginga piyambakipun adamêl rêrekan ing salampah solahipun nagari, punapa malih ing saliyanipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, inggih botên kenging ugi, kalihan malih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, botên kalilan adamêl ukum tuwin pêparentahan ingkang anglangkungi andadosakên ing kapitunanipun, tuwin amêmalangi dhatêng lêlampahan grami, ing salêbêting pasitèn-pasitèn.

Prakawis kaping 12

Sakathahing loji-loji, karêtêg-karêtêg, sarta margi-margi, badhe kadamêl sarta karêksa dening priyayinipun kangjêng gupêrnêmèn Inggris satunggil, sarta ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, ingkang amêdalakên balônja wragadipun sadaya.

Prakawis kaping 13

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm botên [botê...]

--- 58 ---

[...n] kenging anyaèni kitha ingkang lami, punapa malih yèn adamêla kitha enggal malih.

Prakawis kaping 14

Bilih Kangjêng gupêrnêmèn Inggris, karsa amundhut dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, punapa malih ingkang awarni tatêdhan, punika ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, asanggêm ingkang têmên-têmên, tumuntên anyaosêna kalihan sukaning galih, atêtulung ing prakawis punika. Kangjêng gupêrnêmèn Inggris, inggih badhe ambayar ing saprayoginipun, ing rêrêgèn samukawis ingkang kasaosakên wau punika.

Prakawis kaping 15

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan angakêni, yèn kangjêng gupêrnêmèn Inggris punika, ingkang andarbèni panguwasa kang agêng piyambak, atasing pulo Jawi sadaya. Punapa malih kangjêng gupêrnêmèn Inggris, ingkang andarbèni adil, ingkang andarbèni melik. Sarta kenging samôngsa-mangsanipun, angatingalakên saking panguwasa tuwin [tu...]

--- 59 ---

[...win] kawicaksananipun. Yèn saupami amêrlokakên ing nagari.

Prakawis kaping 16

Kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana litnan gupêrnur jendral sarta radipun, bilih asuka uninga dhumatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, ingkang pêrlu karsa anêtêpakên, parentah rêrekan samukawisipun, ing pandamêlan salêbêting nagarinipun kangjêng susuhunan, punika ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, asanggêm badhe tumuntên apêparentah, anglêksanani saking dening karsanipun kangjêng tuwan gupêrnur jendral sarta rad. Ananging saupami parentah ingkang sampun kalairakên wau punika antawis kalih dasa dintên, môngka botên kalêksanan, kangjêng tuwan gupêrnur jendral sarta rad, kenging adamêl panguwasa piyambak, anglêksanani saking parentah punika, botên kenging sumêne utawi kaalangana ing têtiyang.

Prakawis kaping 17

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm. Ing mangsanipun kangjêng gupêrnêmèn Inggris pêrlu anggaliha suka

--- 60 ---

pemut pamulang dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sêdya angindhakakên ing kauntunganipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, tuwin angindhakakên saking cêcêpênganipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan mênggahing paukuman, punapa malih sakathahing prakawis liyanipun, ingkang dados kaindhakaning kauntunganipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sarta ingkang dados wilujêngipun abdi tuwin nagarinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, punika ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, dhatêng amiturut ingkang têmên-têmên.

Prakawis kaping 18

Pêpatihing kratonipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, punika ing têmbenipun malih amasthi kangjêng gupêrnêmèn Inggris ingkang anêtêpakên, punapa ing sakarsanipun. Kalayan malih, kangjêng gupêrnêmèn Inggris kenging amocot patih, punapa ing sakarsanipun. Kalihdening pandamêlanipun pêpatih punika, ing sakathahing prakawis ingkang kalampahakên, amasthi samia pitêpang rêmbag rukunan kalihan residhènipun kangjêng gupêrnêmèn Inggris.

--- 61 ---

Prakawis kaping 19

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm, botên purun arêrêmbagan utawi asêsêratan kalihan sakathahing ratu ing nagari liyanipun, sanadyan dhatêng raja bôngsa pêthak, utawi raja-raja ing nagari sabrang, sanadyan agami punapa-punapa, kang nglangkungi malih dhatêng ratu Jawi saliyanipun. Tuwin Wadana-wadana jawi ingkang sami wontên bawah pêparentahan, yèn botên sampun têrang angsal wawênangipun kangjêng gupêrnêmèn Inggris.

Prakawis Kaping 20

Manawi pambagenipun bumi têngahan ing nagari Jawi, ing mangke punika, antawisipun kangjêng Kumpêni Inggris. Kalihan ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sarta kangjêng sultan ing Mêntawis, ing salah satunggi,l bilih wontên pakèwêdipun ing sawêtawis, sarta bilih botên dados kauntunganipun panjênêngan têtiga wau punika, wit saking pasitèn ingkang sami moncol, ingkang botên radin, sarta ingkang sami marênca alit-alit, pramila ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm dhatêng amiturut [amituru...]

--- 62 ---

[...t] alêlintonan ing pasitèn wau punika, batosipun supados kathahing tapêl watês punika kadamêl kêncêng ingkang sae. Ka,lihan malih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm dhatêng amiturut ing bageyanipun piyambak. Mênawi ing têmbe kangjêng sultan ing Mêntawis adamêl rêreka kalihan kangjêng gupêrnêmèn Inggris, aprakawis dening lêlintonipun pasitèn-pasitèn wau punika.

Prakawis kaping 21

Sakathahing prajangjean ingkang sampun katêtêpakên ing salêbêting sêrat kontrak ingkang rumiyin, sarta pundi ingkang botên kaicalakên ing salêbêting sêrat kontrak punika, sadaya inggih taksih têtêp ungêl-ungêlanipun.

Prakawis kaping 22

Sêrat kontrak punika amasthi tumuntên kalêksanan. Sarta kaidenan dening Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Gurnadur Jendral Lorêtminto ing dalêm rad. Sampun sami kasukanan tôndha asta, sarta kaêcapan, [ka...]

--- 63 ---

[...êcapan,] dening kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana litnan gupêrnur jendral ing pulo Jawi sarta sabawahipun sadaya, Tomas Sêtamporêt Raplês. Awit naminipun kangjêng Kumpêni Inggris, ing sasisihipun sarta Kangjêng Susuhunan Paku Buwana Senapati ing Ngalaga, Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, kaping sakawan. Ing sasisihipun malih, kala dintên Saptu, tanggal ping sakawan sasi Agustus taun 1812.

Ingkang pratôndha Kangjêng Susuhunan Paku Buwana ingkang kaping sakawan.

Kacariyos sakonduripun kangjêng tuwan agêng gurnadur jendral, prajurit Sêpèi katilar sêpalih wontên ing Surakarta, angrêksa kangjêng sunan, sarawuhipun ing kitha Sêmarang lèrèh wontên loji agêng, adipati ing Japara caos wontên ing ngarsa, kangjêng tuwan agêng ngandika:

Radèn adipati, sakalangkung sangêt suka panarima kula, lêlabêtipun radèn adipati kalihan Kumpêni Inggris. [Ing...]

--- 64 ---

[...gris.] Ing sapunika radèn adipati kula wisudha nama pangeran, saha Kumpêni Inggris angganjar bumi sèwu karya, amiliha tanah ing Japara, sarta angganjar sabên wulan wolung atus rupiyah, dados sèwu wolung atus rupiyah kalihan yatra balônja. Radèn adipati, manawi kula sampun kondur dhatêng Batawi, enggal kula maringi nawala kêkancingan ingkang sampun kula dhawuhakên wau. Dintên benjing enjing kula kondur dhatêng Batawi.

Radèn adipati pamit mundur dhatêng Japara, lajêng têtabean.

Balelanipun Pangeran Prawiradirja, Bupati Madiun

Kacariyos, lêlampahanipun Pangeran Rôngga Prawiradirja, bupati wadana ing Madiun, bawah karaton ing Ngayogyakarta, kalêrês mantu kalihan kangjêng sultan ing Ngayogyakarta, pinuju badhe malêbêt grêbêg ing wulan Rabingulawal. Môngka manawi lumampah dhatêng nagari Ngayogyakarta tumpakanipun anèh sangêt, inggih punika satunggiling ambèn kajêng jati, wiyaripun cêkap dipun ênggèni [ênggè...]

--- 65 ---

[...ni] tiyang kalih dasa, sapirantosipun sadaya, ambèn wau kadekekan pawon utawi pakiwan, payonipun motha, mawi kapagêran kepang, sarta mawi sênthong-sênthongan, dipun rêmbati tiyang kawan dasa. Ing wêktu wulan Rabingulawal, tanggal nèm mêsthi sowan garêbêg Mulut. Sang pangeran sagarwa putra santana sami numpak ambèn wau, miwah sangkêp sadêdamêling aprang. Sarêng lampahipun dumugi ngêpos Dêlanggu Surakarta, ingkang angrêmbat ambèn sami lèrèh ngaso.

Kocap putranipun sang pangeran kakung taksih timur amonthahamothah (dan di tempat lain). nêdha menda gibas buntutipun mèh langsrah ing siti kathahipun wolu. Sang pangeran andangu dhatêng dêmang pos ing Dêlanggu. Dêmang matur: Menda punika gadhahanipun Dêmang Patuh ing Dêlanggu. Enggalipun Dêmang Dêlanggu katimbalan, sampun sowan, Pangeran Madiun ngandika:

He, dêmang, iku wêdhus apa nyata duwèkmu.

Dêmang matur: Nuwun, bandara, punika menda kagunganipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara, abdi dalêm amung angrêksa kemawon.

--- 66 ---

He, dêmang, sarèhne anakku Radèn Mas Timur amonthah jaluk wêdhus iku, kabênêran kagungane kangjêng gusti, aku anjaluk siji, besuk yèn aku wis tutug Ngayogya, wêdhus mau dak balèkake marang kowe, ing Ngayogya akèh kang duwe, supaya radèn mas maria gone monthah.

Radèn ayu inggih dhèrèk ngandika: Iya, dêmang, wènèhna siji, yèn kowe matur aku kang jaluk têmtu ora dadi ing panggalihe, êngko aku bakal maringi ganjaran marang kowe.

Dêmang matur: Bandara, mugi sampun andadosakên dêduka dalêm, awit abdi dalêm botên sagêd angaturakên, karana abdi dalêm sampun tampi dhawuh pêpacakipun kangjêng gusti: Sintên-sintên para gusti amundhut menda punika, abdi dalêm botên kalilan angaturakên, bilih abdi dalêm anêrak pêpacak wau amêsthi dipun ukum sarta kapocot saking kadêmangan kawula, mila, bandara, sangêt ajrih kawula.

He, dêmang, wis ora: prakara wêdhus siji bae nganti [nga...]

--- 67 ---

[...nti] dadi dukane, malah dadi dhanganing panggalihe. Ewadene manawa kowe nganti nêmu duka, gêdhene kapocot, kowe enggal têkaa ing Madiun, aku bakal paring kalungguhan sandhuwure pangkat dêmang, iya iku pangkat mantri, lungguh bumi limang jung.

Nuwun, bandara, kawula botên sagêd ngaturakên.

Sang pangeran tuwuh dukanipun, ngandika sora: He, dêmang, kowokowe. iku ora ngrasakake kandhane uwong, mung atimu dhewe koturuti, cêkake yèn kowe ora angulungake wêdhus mau, mêsthi êndhasmu dak bêdhil.

Dêmang Dlanggu sarêng mirêng pangandikanipun sang pangeran ingkang kasar, sanalika botên darbe ajrih matur purun: Dhuh, dhuh, bandara, kula punika asal saking tiyang sudra papa, bangsaning tiyang narakarya, môngka sapunika ngantos dados Dêmang Patuh, punika namung saking antêp têmên kula ing gusti, saha botên pêrlu panjênêngan dalêm ngandika pangancam dhatêng kula, awit kula sanès lare alit.

Sang pangeran sarêng mirêng wangsulanipun Dêmang Dlanggu enggal angasta [a...]

--- 68 ---

[...ngasta] sanjata buwis ingkang sampun dipun isèni: Lah, saiki pêcating nyawamu.

Dêmang botên kumêlap manahipun, pangeran enggal anyêntil buwisipun, mimis angengingi dhadhanipun dêmang, tatu têmbus anêratas tanpa sambat dhawah lajêng pêjah, rah sumamburat kados pancuran. Sang pangeran dhawah bidhal dhatêng Ngayogya.

Kacariyos, para warisipun dêmang, ambêkta mayit dhatêng Mangkunagaran, kacaosakên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara, saha matur purwa madya wasananipun Dêmang Dlanggu manggih pêjah. Kangjêng gusti sangêt dukanipun, lajêng sowan dhatêng karesidhenan, saha mayit kabêkta. Sampun apêpanggihan kalihan kangjêng tuwan residhèn. Kangjêng gusti matur wiwitan dumugi wêkasan, saha angaturakên mayitipun Dêmang Dlanggu. Tuwan residhèn enggal animbali Tuwan Mêstri ing loji agêng, botên dangu Tuwan Mêstri sampun dhatêng ing karesidhenan, tuwan residhèn angandika dhatêng Tuwan Mêstri kadhawuhan amariksa mayitipun Dêmang Dlanggu, sarta adamêla sêrat papriksan lêrêsipun pêjah [pê...]

--- 69 ---

[...jah] kenging dêdamêl sanjata. Sasampuning Tuwan Mêstri adamêl sêrat papriksan, nyatakakên pêjahing mayit dipun aniaya tiyang sarana labêt kasanjata, sêrat papriksan kaaturakên tuwan residhèn, tuwan residhèn ngandika:

Kangjêng gusti, kula badhe angaturi sêrat dhatêng Residhèn Ngayogyakarta, kula anêdha dhatêngipun ing Surakarta Pangeran Madiun, bilih sampun dhatêng ing Sala, sadèrènging kapancas prakawisipun amêsthi kula tahan wontên ing loji agêng, nanging kula kêdah nyuwun lilah rumiyin kalihan kangjêng tuwan agêng guprênur jendral.

Kula inggih nyumanggakakên kangjêng tuwan residhèn kemawon, minggahipun dhatêng pangadilan luhur.

Kangjêng tuwan residhèn ngandika: Sampun mêsthi, awit prakawis raja pêjah. Lajêng atêtabean.

Kocapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta,, enggal angaturi sêrat dhatêng kangjêng tuwan residhèn ing Ngayogyakarta, suraosipun anêdha dhatêngipun Pangeran Rôngga Prawiradirja bupati ing Madiun, ingkang sapunika [sa...]

--- 70 ---

[...punika] wontên ing kadhaton Ngayogyakarta, awit kadakwa dening Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara ing Surakarta, sampun amêjahi Dêmang Dêlanggu, sarana dipun sanjata, karana badhe kapriksa kanyataanipun.

Sarêng kangjêng tuwan residhèn ing Ngayogya anampèni sêrat saking Residhèn Surakarta, enggal anitih kareta malêbêt ing kadhaton sowan kangjêng sultan, kapanggihan wontên pandhapi agêng, angaturakên sêrat saking Residhèn Surakarta, ingkang sampun kajawèkakên. SasamanapingSasampuning. kawaos kangjêng sultan angandika:

Inggih, bapa residhèn, lêrês Pangeran Madiun wontên ing karaton kula, nanging ing sapunika sawêg ginanjar sakit panas, manawi sampun sakeca enggal kula aturakên dhumatêng bapa.

Kangjêng tuwan residhèn pamit mundur, lajêng têtabean, sasampuning rawuh ing dalêm karesidhenan, lajêng nyêrat wangsulan dhatêng residhèn ing Surakarta, bilih Pangeran Madiun [Madi...]

--- 71 ---

[...un] sapunika sawêg ginanjar sakit panas, mênawi sampun enggal kula aturakên dhatêng Surakarta.

Kacariyos kangjêng sultan enggal animbali Pangeran Rôngga Prawiradirja, bupati ing Madiun, sampun sowan ing ngarsa. nata. Sang aprabu angandika:

He Rôngga, dhèk mau tuwan residhèn sowan marang kadhaton, awit wus anampani layang saka Tuwan Residhèn Surakarta, surasane sira digugat marang Pangeran Adipati Mangkunagara, yèn sira tinarka wus amatèni dêmang ing Dlanggu, sarana sira bêdhil. Lah saiki kêpriye kang dadi karêpira, apa sira mringkus apa brêgagah. Yèn sira wani brêgagah, saiki ingsun paringi sangu salêksa, lan pamêtune bumi Madiun ingsun paringake marang sira minôngka prabeya ingoning prajurit, yèn sira mringkus enggal sira ingsun tampakake marang residhèn.

Kawula nuwun, gusti, abdi dalêm suka bingah ambrêgagah.

Lah mêngko bêngi sira lolosa saka kadhaton,

--- 72 ---

yèn sira wus têka ing Madiun angadêgna barisan, angrayutana bumi kiwa têngêning Madiun.

Pangeran Rôngga matur sandika, saha lajêng nyungkêmi sampeyanipun sang prabu nyuwun pangèstu, lajêng lèngsèr saking ngarsa dalêm. Pangeran Rôngga sampun pêpanggihan kalihan ingkang garwa radèn ayu, badhe lolos dhatêng Madiun, angadêgakên baris balela kalihan Kumpêni Walandi, awit piyambakipun mogok katarik Residhèn Surakarta, saha sampun kaidèn kangjêng sultan, dene radèn ayunipun katilar wontên ing Ngayogya, ingkang garwa matur kalihan muwun, pêjah gêsang badhe andhèrèkakên, nanging sang pangeran botên parêng mindhak angrêribêdi, benjing manawi jinurung ing Gusti Allah badhe kapurugan. Pangeran Rôngga lajêng anglêmpakakên sêntana tuwin wadyabalanipun, ing dalu wau lolos mêdal Rêdikidul. Enggaling cariyos sampun dumugi ing Madiun, tumuntên anglêmpakakên wadyabala Madiun, sanalika sampun sagêd ngalêmpak prajurit kalih èwu langkêp sadêdamêlipun, lajêng angangkati kawula warganipun dados panèwu [panè...]

--- 73 ---

[...wu] mantri kaliwon utawi pangkat bupati, baris ngadêg wontên ing Pêthik, ajêjuluk Pangeran Rôngga ing Pêthik.

Kangjêng Sultan sampun angwuningani bilih Pangeran Rôngga lolos saking kadhaton, enggal dhawuh dhatêng abdi anggandhèk kinèn asuka wuninga dhatêng karesidhenan: yèn Pangeran Rôngga Bupati Wadana Madiun sampun lolos saking karaton, lajêng balela badhe apacak baris wontên ing Madiun, kula enggal badhe utusan prajurit anggêbag ingkang amucuki dados kraman, saha nyuwun bantu prajurit Walandi, mumpung dèrèng agêng pabarisanipun.

Sarêng Tuwan Residhèn Ngayogya, tampi katrangan saking kangjêng sultan ingkang makatên, enggal-enggal asuka wuninga dhumatêng residhèn ing Surakarta. Tuwan Residhèn Surakarta atampi katrangan bilih Pangeran Rôngga Madiun balela, sampun awit damêl rêrêsah wontên ing dhusun Pêthik Madiun, tuwan residhèn enggal ngaturi wuninga ing kangjêng sunan tuwin paring wuninga dhatêng Pangeran Adipati [A...]

--- 74 ---

[...dipati] Mangkunagara, kinèn sêdhiya prajurit anggêbag kraman wau.

Kacariyos barisipun Pangeran Rôngga sampun agêng, wadyabalanipun botên kirang saking salêksa, sampun wiwit adamêl rêrêsah, ananging Pangeran Rôngga lajêng manggih gêrah sangêt botên dangu seda, layonipun kakubur ing Madiun, wadyabala kraman lajêng sami bibar. Kangjêng sultan sampun tampi lapuran saking Madiun Pangeran Rôngga sampun ajal, jalaran sakit panas sangêt. Kangjêng sultan enggal asuka wuninga dhumatêng tuwan residhèn, ajalipun Pangeran Rôngga ing Madiun, para kraman sami bibar sadaya.

Kendhangipun Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Paku Buwana ingkang Kaping VI Narendra ing Nagari Surakarta Adiningrat.

Purwaning cariyos, ingkang limrah têtiyang ing nagari Surakarta Adiningrat, anggotèkakên jalaranipun [jalaranipu...]

--- 75 ---

[...n] ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Paku Buwana ingkang kaping VI narendra ing nagari Surakarta, dipun kendhangakên dhatêng pulo Ambon kados ing ngandhap punika:

Awiyosipun, sang aprabu kagungan garwa têtiga 1. Kangjêng Ratu Hêmas, 2. Kangjêng Ratu Madurêtna, ananging sampun kakondurakên dhatêng Ngabeyan, 3. Kangjêng Ratu Anom, ingkang kacariyos endah sangêt warninipun. Ing nalika kapundhut garwa adamêl prajanjian kalihan kangjêng sang aprabu, salêbêtipun Kangjêng Ratu Anom sadèrèngipun kagungan putra kakung, sampun ngantos ingkang sinuhun anyarèni Kangjêng Ratu Hêmas. Sampeyan dalêm kangjêng sunan anyanggêmi. Kangjêng Ratu Anom bilih ambobot tansah anglairakên putra putri kemawon.

Ing satunggiling dintên wanci sirêp janma, kangjêng sang aprabu miyos saking pasarean rawuh panggenanipun abdi dalêm urdênas, ingkang caos Radèn Atmawiraga kalihan Radèn Atmasupana, sang prabu ngandika bisik-bisik:

He, Atmawiraga, iki padasan panggonaku turas, tutupe copotên supaya banyune mêtu manthêr, [ma...]

--- 76 ---

[...nthêr,] aja kotutup-tutupi yèn aku durung rawuh, yèn êntèk banyune jogana saka kolah pasiraman. Manawa gustimu bok ratu tangi takon marang aku, warahên aku lagi amèk banyu wulu, arêp salat khajhat.

Ingkang kadhawuhan matur sandika. Sang prabu lajêng miyos dhatêng kadhaton mêdal kori butulan, rawuh gêdhong paprêmanipun Kangjêng Ratu Hêmas, Kangjêng Ratu Hêmas waktu samantên sawêg anyoga kampuh utawi nyamping, kasaru sang aprabu rawuh, enggal wijik lajêng anyungkêmi padaning raka prabu. Sang prabu lajêng anggèndhèng dhatêng paprêman, sasampuning karon jiwa, sang nata enggal kondur dhatêng gêdhong kanoman.

Kocapa sarêng sampun antawis kawan wulan lajêng kajuwara bilih Kangjêng Ratu Hêmas ambobot, ngantos Kangjêng Ratu Anom miyarsa manawi ingkang Bok Ayu Kangjêng Ratu Hêmas ambobot, andadosakên êsaking panggalihipun, saha botên sagêd anayudi dukanipun. Lajêng matur ing kangjêng sang aprabu:

--- 77 ---

Dhuh, dhuh, sang nata, kadospundi ing atasing panjênêngan dalêm narendra têka cidra ing janji, môngka ingkang kasêbut anggêring narendra: sabda pandhita ratu, tan kêna wola-wali, bilih botên anglêksanani, punika andadosakên rêngkaning bumi, karana panjênêngan dalêm sampun angrisak pangandika dalêm piyambak, awit abdi dalêm sampun sumêrêp piyambak, bilih Bok Ayu Ratu Hêmas sapunika sampun ambobot, bilih botên kalihan panjênêngan dalêm, lah kalihan sintên.

Kangjêng sang aprabu angandika arum: Dhuh, dhuh, adhi ajêng, aywa kadawa-dawa napsunira, lan aja andadèkake cilike atinira, ingsun karsa tirakat marang ing Imagiri, andêdagan pasareane kangjêng rama kang wus swarga lan para kangjêng eyang-eyang kabèh. Apa manèh Gusti Allah Kang Amaha Sukci mangayubagyaa, muga dikabulake saka panêdhaningsun. Mêngko pajar ingsun mangkat, dene kang andhèrèk Si Atmawiraga lan Atmasupana, lumaku lêlancaran bae besuk êmbèn ingsun kondur. [ko...]

--- 78 ---

[...ndur.] Mungguh wêkas ingsun marang sira bok ratu, satindak ingsun manawa putra santananingsun padha arêp sowan, wangsulana ingsun lagi gêrah ora bisa miyos, apa manèh manawa bapa residhèn sowan marang kadhaton, uga wangsulana kaya mangkono, tutura besuk êmbèn konên padha bali, karana besuk êmbèn ingsun mêsthi kondur.

Kangjêng ratu matur: Dhuh, paran tindak dalêm, malah kula têka kirang sakeca, tansah sênak-sênik kemawon, karana panjênêngan dalêm botên mawi paring pariksa dhatêng bapa residhèn, manawi manawi: wontên ingkang jail saèstu botên sae kadadosanipun, awit panjênêngan dalêm karsa anêrak prajanjian kalihan gupêrnêmèn. Saking pamanggihipun dalêm prayogi panjênêngan dalêm anungku muja sêmèdi anêdha ing Gusti Allah ingkang sipat Rahman Rakhim, botên ing Magiri kemawon wontên Gusti Allah, sanadyan ing kadhaton ngriki inggih wontên Allahutangala, kados botên wontên bedanipun ngrika kalihan ngriki, janji têmên-têmên ing panêdhanipun, ing saèstu ingkang Maha Kuwasa angabulakên.

--- 79 ---

Bênêr bangêt aturira iku, adhi ajêng, ana bêbasan jôngka lan jangkah, sanadyan kajôngkaa yèn ora kajangkah, iya ora nuli bisa katarima, kaya ta: lêlakone Radèn Jaka Tingkir, ing nalika katundhung marang Sultan Dêmak, sêbab saka bangêt susahing atine, banjur andêdagan ana kubure wong tuwane kang dikubur ing Pêngging, iya iku Kyai Agêng Kêbo Kananga, wayah sirêp janma, olèh wangsiting Pangeran kang Agung sarana swara dumêling, Jaka Tingkir kawisik angèngèra Kyai Agêng Banyubiru, ing kono margane olèh kamulyan. Iku adhi ajêng kang sun telad.

Kacariyos sarêng wanci sawung kluruk sang aprabu angagêm agêman lugas raga, urdênas kêkalih Radèn Atmawiraga tuwin Radèn Atmasupana, sampun sadhiya wontên ing alun-alun pêngkêran, sang nata enggal miyos saking dhatulaya botên wontên ingkang sumêrêp awit mijil ing pêngkêran. Sang prabu lajêng nitih titihan, urdênas kêkalih inggih sami numpak kapal. Botên kacariyos wontên ing margi, wanci pukul wolu enjing sampun dumugi ing Klathèn, [Kla...]

--- 80 ---

[...thèn,] karsa mampir ing griyanipun Radèn Tumênggung Kartanagara, Bupati Pamaosan. Radèn tumênggung sumêrêp bilih ingkang sinuhun kangjêng sunan rawuh, radèn tumênggung gupuh gurawalan amêthuk, sampeyan dalêm tumêdhak saking titihan wontên sangajênging pandhapa. Radèn tumênggung anguswa sampeyanipun sang prabu saha matur:

Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, adamêl kagèting manahipun abdi dalêm kawula, punapa gusti ingkang dados wêwadosipun, abdi dalêm kawula nyuwun kajatosan supados adamêl asrêping manah.

He, Kartanagara, ora ana apa-apa, ingsun mung mampir bae, pêrlu anglèrènake titihan ingsun, lan ingsun mundhut sarapan saanane, awit ingsun arêp mênyang ing Imagiri. Pasareane para lêluhur ingsun kang wus padha sumare kana.

Radèn tumênggung enggal amêdalakên dhaharan sarapan, saha lajêng kadhahar, sang nata rumaos eca anggènipun dhahar. Sasampuning sang prabu dhahar, lajêng kalorodakên dhatêng urdênas kêkalih, sasampuning rampung ingkang sami nêdha, sang prabu ngandika:

--- 81 ---

He, Kartanagara, bangêt ing tarimaningsun suguhira marang ingsun, saiki ingsun mangkat.

Radèn tumênggung munjuk: Bilih kaparêng abdi dalêm andhèrèkakên.

Aja, Kartanagara, ingsun tindak dhewe wis cukup, mung gawenên wadi rawuh ingsun iki.

Sang prabu enggal anitih titihan, kadhèrèkakên abdi kêkalih.

Kacariyos, Radèn Tumênggung Kartanagara wau darbe putra, nama Radèn Ngabèi Kartapiyoga, ing ngajêng dados abdi dalêm mantri gêdhong kiwa, kapiji nyambut damêl wontên kadhaton, wusana manggih lêpat sawatawis, sang nata lajêng dhawuh angrangkèt ngantos satêngah pêjah, sasampunipun karangkèt lajêng dipun pocot saking kalênggahanipun mantri, saha sang prabu botên karsa angabdèkakên malih. Ngabèi Kartapiyoga wau lajêng manggèn ing griyaning bapakipun ing kartanagaran Kalathèn. Sarêng sumêrêp kangjêng sunan rawuh, angintip saking katêbihan, amirêngakên pangandika dalêm bilih karsa rawuh dhatêng Imagiri. [I...]

--- 82 ---

[...magiri.] Ngabèi Kartopiyoga anggraita, manawi badhe andêdagan ing pasareanipun ingkang rama utawi para eyang, têmtu kagungan panêdha badhe angrisak pangwasanipun kangjêng Guprêmèn Wêlandi, punapa malih botên paring priksa dhatêng kangjêng tuwan residhèn, dados tindakipun wau acolongan kemawon.

Ngabèi Kartapiyoga lajêng lumampah dhatêng loji agêng Klathèn, pinanggih kalihan kumêndhan prajurit, pêrlu badhe amalês anggènipun sampun dipun wêsiasat dhatêng sang aprabu, dhatêngipun ing loji atêtabean dhatêng tuwan kumêndhan. Lajêng matur:

Sowan kula punika angaturi wuninga ing saudara, bilih kala wau wanci tabuh wolu enjing, kangjêng sunan ing Surakarta rawuh ing griyanipun bapa kula Radèn Tumênggung Kartanagara, namung ambêkta abdi urdênas kêkalih saha sami anglugas raga, pêrlunipun mampir namung amundhut dhahar sarapan. Sasampuning dhahar tumuntên nitih titihan kadhèrèkakên abdi kêkalih wau. Saking pangandikanipun badhe tindak dhatêng pasarean ing Imagiri, ing panggagas [panggaga...]

--- 83 ---

[...s] kula sampun têmtu tindakipun wau cêcolongan, botên mawi paring priksa kangjêng tuwan residhèn, bokmanawi kagungan karsa ingkang anyolowados, utawi kagungan karsa ingkang langkung awon, saha anêrak prajanjianipun kalihan kangjêng guprêmèn.

Kumêndhan pitakèn: Punapa sayêktosing pratelanipun saudara punika.

Inggih sayêktos, manawi kula dora jôngga kula paduka pêdhot.

Kumêndhan enggal nyêrat lapur dhatêng kumêndhan agêng ing Sala, sarêng sampun anggènipun nyêrat lajêng animbali urdênas Wêlandi kadhawuhan bêkta sêrat palapuran katur kumêndhan agêng, sarta kinèn numpak kapal gêgancangan. Radèn Bèi Kartapiyoga pamit mundur, lajêng têtabean.

Kocap lampahing urdênas sampun dumugi nagari Sala, lajêng malêbêt ing loji agêng, angaturakên sêrat wau dhatêng kumêndhan agêng. Sarêng kumêndhan maos sêrat saking Klathèn agèdhèg-gèdhèg saha sangêt gêtunipun, [gêtuni...]

--- 84 ---

[...pun,] têka sang prabu karsa tindak pribadi. Kumêndhan enggal dhatêng karesidhenan angaturakên sêrat saking Klathèn wau. Sasampuning kawaos dening kangjêng tuwan residhèn, sakalangkung ngungun tindakipun sang nata têka botên asuka wuninga. Residhên dhawuh pasang kareta, tuwan residhèn amangagèm dhinês, lajêng tindak malêbêt ing kadhaton, kairing tuwan kumêndhan tuwin tuwan sèkrêtaris. Sarêng dumugi kori kamandungan, tuwan residhèn sakancanipun tumêdhak lajêng tindak, sadumuginipun kori srimanganti lèrèh pinanggih bupati ingkang caos. Tuwan residhèn angandika:

Radèn tumênggung, kula sampeyan aturakên kangjêng sunan, kula badhe sowan wontên pakaryan ingkang wigatos.

Nuwun inggih, kangjêng tuwan, kawuningana, bilih sampeyan dalêm sawêg gêrah botên sagêd miyos, dados prayoginipun kangjêng tuwan benjing-enjing kemawon kula aturi sowan sang prabu.

Tuwan residhèn angandika: Awit sowan kula punika mundhi [mu...]

--- 85 ---

[...ndhi] dhawuhipun kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana guprênur jendral, andhawuhakên prakawis ingkang langkung awigatos, ing sapunika ugi kula mêsthi pêpanggihan kalihan ingkang sinuhun kangjêng sunan.

Nuwun inggih, kangjêng tuwan, bilih makatên kêdah kula ngaturi tumênggung estri ingkang caos.

Lajêng dipun aturi, botên dangu dhatêng, tuwan residhèn ngandika:

Nyai tumênggung, sarèhning kangjêng sunan sapunika gêrah, anggènipun sarean wontên gêdhongipun kangjêng ratu sintên.

Nuwun, kangjêng tuwan residhèn, wontên gêdhongipun Kangjêng Ratu Anom.

Sowan kula punika wontên damêlipun sakalangkung pêrlu.

Nyai Tumênggung Sêcanama marak ing ngarsa Kangjêng Ratu Anom: Kawula nuwun, gusti, abdi dalêm anyaosi wuninga, bilih kangjêng tuwan residhèn dhatêng wontên ing srimanganti badhe sowan gusti sang aprabu, sarèhipun tuwan residhèn sampun miyarsa bilih gusti sampeyan dalêm gêrah, dados badhe sowan ing panjênêngan dalêm kemawon.

--- 86 ---

Iya, Sêcanama, enggal aturana malêbu marene bae, mêngko Ingsun têmoni.

Nyai Tumênggung enggal angaturi kangjêng tuwan residhèn malêbêt ing dhatulaya karaton kanoman. Tuwan residhèn lajêng kairid nyai tumênggung, sadumugining kanoman Kangjêng Ratu Anom amêthuk ing plataran, lajêng atêtabean kalihan tuwan-tuwan têtiga, tumuntên sami pinarak ing kursi, tuwan residhèn matur:

Kangjêng ratu, anggèn kula malêbêt ing kadhaton punika pêrlu badhe sowan ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, awit kula anampèni dhawuhipun eyang paduka kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana guprênur jendral ing Batawi, kula kadhawuhan pêpanggihan piyambak kalihan putra kula kangjêng sunan, andhawuhakên prakawis ingkang langkung awigatos, sarta ing dintên punika kula mêsthi apêpanggihan kalihan putra kula kangjêng sunan.

O, bapa kangjêng tuwan residhèn, ing saèstu kangjêng sunan botên sagêd miyos, sabab gêrahipun ragi sangêt [sangê...]

--- 87 ---

[...t] saha pancèn gêrahipun botên kenging kadamêl angandika, prayogi ing benjing enjing kemawon bapa residhèn kula aturi malêbêt ing kadhaton malih, ing saèstu sampun sênggang gêrahipun sagêd amanggihi sowanipun bapa residhèn.

Botên kenging, kangjêng ratu, mêsthi dintên punika kula apêpanggihan kalihan kangjêng sunan, bilih kangjêng sunan botên sagêd lênggah, kula narimah dipun panggihi kalihan sarean kemawon, lah ing pundi pasareanipun kangjêng sunan.

Kangjêng ratu botên sagêd angandika, netya biyas panggalih tarataban, angunandika: Lah kêpriye dadine prakara mêngkene kiye.

Kangjêng ratu lajêng anêdahakên pasarean dalêm. Sarêng kawiyak kêlambunipun botên wontên, lajêng kaupadosan salêbêting dalêm kadhaton kanoman botên wontên. Kangjêng ratu lajêng ungkêp-ungkêp wontên ing pasarean tansah muwun.

Tuwan residhèn sakancanipun mundur saking kanoman, lajêng [la...]

--- 88 ---

[...jêng] sami lênggah wontên ing pandhapa agêng, angandika dhatêng bupati ingkang caos: radèn tumênggung, enggal sampeyan utusan animbali Tuwan Winêr, Litnan Lêgundêr sarta ambêktaa jajaripun kalih wêlas, lan Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, punapa malih para pangeran sêpuh anèm kula timbali malêbêt dhatêng kadhaton sapunika ugi.

Ingkang kadhawuhan sampun mundur, lajêng dhawuh dhatêng para panèwu mantri ingkang saos. Kangjêng tuwan residhèn dhawuh dhatêng tuwan kumêndhan botên parêng mundur dhatêng loji, kapurih mêsanggrahan wontên gêdhong Panyarikan kalihan tuwan residhèn. Tuwan sèkrêtaris kalilan mundur nindakakên pakaryan praja, makatên malih tuwan residhèn dhawuh dhatêng kumêndhan amundhut prajurit ing loji têtindhihipun satunggil litênan angrêksa kadhaton, pamanggènipun wontên ing kori kamandhungan.

Kacariyos, Tuwan Winêr sampun sowan ing ngarsa residhèn. Tuwan residhèn ngandika: He, Tuwan Winêr, sapunika karaton suwung, karana kangjêng sunan botên [botê...]

--- 89 ---

[...n] wontên, enggal jêngandika mangkat ambêkta jajar lêgundêr kalih wêlas angupadosi kangjêng sunan, yèn jêngandika badhe sumêrêp purugipun kangjêng sunan, ijêngandika pitakèn kumêndhan prajurit ing loji Klathèn.

Tuwan Winêr matur sandika, têtabean mundur, dumugi jawi lajêng bidhal numpak kapal sajajaripun tuwin opêrwah mèstêr. Kasigêg lampahing lêgundêr.

Kocapa, ing nagari Surakarta salinggaripun kangjêng susuhunan para abdi dalêm panèwu mantri horêg kados gabah dipun intêri, utawi kaliwon bupati sami kêmpal wontên ing pôncaniti. Kangjêng Pangeran Adipati Arya Angabèi, tuwin Kangjêng Pangeran Adipati Arya Purubaya, miwah para pangeran putra santana sadaya sami malêbêt ing kadhaton, punapa malih Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, ugi sowan malêbêt ing kadhaton. Kangjêng tuwan residhèn kalihan tuwan kumêndhan lênggah ing pandhapa agêng, dipun adhêp para pangeran tuwin radèn adipati miwah para nayaka wolu.

Tuwan residhèn angandika dhumatêng Pangeran Adipati

--- 90 ---

Arya Angabèi: Sarèhning kangjêng sunan sapunika botên wontên ing kadhaton, botên wontên para tiyang ingkang sumêrêp tindakipun, sadèrèngipun rawuh kangjêng sunan, para pangeran sadaya mêsthi wontên salêbêting kadhaton, botên kula lilani wontên ing dalêmipun. Punapa malih Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, kula patah wontên ing pôncaniti kalihan para bupati nayaka lan para panèwu mantri sapanêkaripun, botên kenging kesah-kesah bilih sang prabu dèrèng rawuh. Sintên ingkang anêrak dhawuh kula punika amêsthi kula undur saking palênggahanipun.

Radèn adipati matur sandika, lajêng bibaran, kangjêng tuwan residhèn kalihan tuwan kumêndhan, lèrèh dhatêng panyarikan.

Enggalipun sarêng wanci sontên Radèn Adipati Sasradiningrat, sowan ing kangjêng tuwan residhèn, matur: dhuh, kangjêng tuwan residhèn, manawi andadosakên condhonging panggalihipun kangjêng tuwan residhèn, kula darbe atur rêmbag pamrayogi, salinggaripun kangjêng sunan,

--- 91 ---

ing têmbe mênawi sampun pinanggih, sampun ngantos kakondurakên dhatêng karaton, mugi kalajêngakên dhatêng ing kitha Samarang kemawon, karana saking panggagas kula: sang nata bilih ngantos lami anggènipun jumênêng nata, sampun têmtu risak nagari Surakarta, punapa malih têmtu sagêd anuwuhakên rêrêsah ingkang badhe damêl kapitunan agêng ing kangjêng guprêmèn, kadosdene prang Dipanagaran.

Inggih, kangjêng radèn adipati, kula anyondhongi. Salowongipun karaton sintên ingkang prayogi jumênêng nata.

Nuwun inggih, ingkang kula suwunakên jumênêng nata, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Purubaya, awit pancèn lêrêsipun punika putra narendra ibu prameswari, saha panggalihipun sae miwah adil, punapa malih rêmên têtulung kawula ingkang nandhang papa, lêrês ingkang sêpuh Kangjêng Pangeran Adipati Arya Angabèi, nanging miyos saking garwa ampeyan, dados saupami kula nyuwunakên Kangjêng Pangeran Angabèi punika botên lêrês, têmtu para nayaka botên anyondhongi.

--- 92 ---

Inggih, kangjêng: kula anayogyani, bilih Kangjêng Pangeran Purubaya kajumênêngakên narendra, bokmanawi nagari Jawi sagêd wilujêng, tiyang alit tata têntrêm manahipun. Lah, dhawuh kula sapunika dhatêng kangjêng radèn adipati, kula piji jagi nagari kalihan bupati nayaka sakawan, sakaliwon panèwu mantrinipun, bupati nayaka sakawan sarerehanipun amêthuk karawuhanipun kangjêng sunan wontên ing pasanggrahan Kartasura, kula kalihan tuwan kumêndhan punapa malih Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ambêkta prajuritipun sadaya, tuwan kumêndhan ugi ambêkta prajurit sapalih tuwin para opisiripun. Kula bidhal benjing enjing kalihan Pangeran Mangkunagara sarta tuwan kumêndhan.

Radèn Adipati lajêng nyuwun mundur dhatêng panangkilan, sadumugining panangkilan dhawuh dhatêng Radèn Mas Arya Jayadiningrat bupati kaparak kiwa, Radèn Tumênggung Wirarêja bupati gêdhong kiwa, Radèn Tumênggung Mangkuyuda Bupati Bumi, sarta Radèn Tumênggung Prawiranagara Bupati Panumping sakalerehanipun sadaya. Bupati sakawan lajêng bidhal, sarêng [sa...]

--- 93 ---

[...rêng] enjingipun tuwan residhèn kalihan tuwan kumêndhan sarta Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, nunggil sakareta mêthuk kangjêng sunan wontên ing Kartasura, saha prajurit Walandi sampun dhatêng salitnanipun, punapa malih bupati sakawan sarerehanipun sampun ngalêmpak wontên ing pasanggrahan Kartasura.

Kacariyos lampahipun Tuwan Winêr sampun dumugi loji ing Klathèn, pêpanggihan kalihan tuwan kumêndhan, Tuwan Winêr pitakèn tindakipun kangjêng sunan dhatêng pundi purugipun. Kumêndhan mangsuli: kinèn pitakèn dhatêng Radèn Tumênggung Kartanagara ingkang sumêrêp tindakipun. Tuwan Winêr lajêng dhatêng dalêmipun Radèn Tumênggung Kartanagara, sampun apêpanggihan kalihan Radèn Tumênggung wau, tuwan matur:

Ingkang awit dhawuhipun kangjêng tuwan residhèn, kula kautus angupadosi kangjêng sunan, margi ing kadhaton botên wontên, saha botên wontên ingkang sumêrêp tindakipun.

Inggih, saudara, kala wingi wanci pukul wolu enjing sang nata rawuh ing griya kula sakêdhap, namung bêkta abdi

--- 94 ---

urdênas kêkalih sarta anglugas raga, pangandikanipun badhe tindak dhatêng pasarean ing Imagiri, malah kula badhe dhèrèk botên parêng, dene salajêngipun kula botên sumêrêp.

Bilih makatên, saudara, kula nyuwun pamit badhe nusul kangjêng sunan dhatêng Imagiri.

Tuwan Winêr têtabean lajêng mangkat. Botên kacariyos wontên margi sampun dumugi ing Imagiri, pêpanggihan kalihan Radèn Tumênggung Prawirakusuma, bupati juru kunci pasarean ing Imagiri. Sasampuning têtabean Tuwan Winêr matur:

Saudara, punapa kangjêng sunan rawuh ing pasarean ngriki.

Inggih, saudara, kala wingi sontên rawuh andêdagan wontên pasarean sadalu, sarêng gagat raina tumêdhak saking pasarean lajêng tindak dhatêng ing pamancingan Laut Kidul, kula badhe dhèrèk botên parêng.

Sampun ta, saudara, kula badhe lajêng nusul kangjêng sunan dhatêng pamancingan.

Têtabean enggal-enggal. Sarêng dumugi ing pamancingan [pama...]

--- 95 ---

[...ncingan] taksih têbih kalihan kisik samodra, katingal rêgêmênging tiyang kalihan kapal têtiga, nanging taksih samar, lajêng bikak kèkêr, kadulu sarana sêmprong, katingal cêtha bilih kangjêng sunan sarean wontên kisik, mustaka kapangku Atmawiraga, Tuwan Winêr enggal mêdhun saking kapal lumampah dharat. Sarêng sampun cêlak kapal kapurih nyêpêngi kancanipun, Tuwan Winêr amlajêngi sumungkêm sampeyanipun sang prabu, sarwi nangis galolo anglir pawèstri:

Dhuh, dhuh, gusti sasêmbahan kawula, pêpundhèn kawula, dene karsa têdhakan ingkang lampah sangsaya botên karsa ngandika dhatêng kawulanipun, ngantos adamêl horêging nagari.

Sang prabu ngandika: He, Winêr, aja nangis mundhak agawe karônta-rantane galih ingsun, sapa kang akon marang sira nusul marang ingsun.

Kawula nuwun, gusti: awit dhawuhipun ingkang Bapa tuwan residhèn, abdi dalêm kadhawahan nusul sampeyan dalêm kaaturan kondur dhatêng kadhaton, karana kamanah tindakipun sampeyan dalêm sakalangkung nistha, margi narendra [nare...]

--- 96 ---

[...ndra] têka tindak pribadi, dados ingkang bapa langkung lingsêm.

Iya, Winêr, ayo mangkat.

Sang prabu lajêng nitih titihan, kajajaran gundêr sakawan, pêngkêran dalêm Tuwan Winêr kalihan urdênas kêkalih, ingkang grêbêg wontên wingking lêgundêr wolu. Sang prabu anggagas ing panggalih sakalangkung kaduwung ing lampah, botên ngintên pisan-pisan bilih ngantos kasumêrêpan dening tuwan residhèn, sakalangkung ing pangungunipun, botên èngêt manawi kagungan satru sudra papa nanging wontên ing cangklakan. Botên kacariyos wontên ing margi, enggalipun sampun dumugi ing loji Klathèn. Tuwan Winêr matur:

Gusti, sampeyan dalêm kawula aturi lèrèh ing loji santun titihan kareta, supados salira dalêm sagêda sakeca ing lampah.

Iya, Winêr, prayoga.

Lajêng lumêbêt ing loji kumêndhan angurmati, dhêdhaharan sampun sêdhiya, sampeyan dalêm kaaturan dhahar sêsarêngan tuwan kumêndhan kalihan Tuwan Winêr, dene urdênas [urdêna...]

--- 97 ---

[...s] kêkalih utawi para lêgundêr sampun kasêdhiyanan piyambak-piyambak. Sarêng sang prabu sampun anggènipun dhahar, lajêng pangkat nitih kareta pangirid turôngga nênêm mawi plopor aèr, kusir kênèk kêkalih, urdênas kêkalih numpak kapal kalampahakên kemawon. Enggalipun sang prabu sampun dumugi pasanggrahan ing Kartasura, kapêthukakên tuwan residhèn, tuwan kumêndhan, kalihan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, punapa malih prajurit Wêlandi tuwin prajurit Mangkunagaran sami baris sakiwa têngêning plataran kalihan angurmati rawuhipun kangjêng sang aprabu, lajêng malêbêt ing pasanggrahan sami atêtabean. Sang prabu kaaturan lênggah jajar kalihan tuwan residhèn, kumêndhan kêkalih saha Pangeran Mangkunagara, sami pinarak ing kursi. Kangjêng tuwan residhèn anêmbrama:

Dhuh, kangjêng sang aprabu, satindakipun punapa manggih raharja.

Sang nata mangsuli sêrêt ing pangandika: inggih saking pamujinipun bapa residhèn, kula manggih wilujêng.

--- 98 ---

Unjuk-unjukan mêdal, mawi angunjuk anggur klarèt. Sarêng pukul wolu dalu lajêng sami dhahar, sasampuning dhahar kangjêng tuwan residhèn matur:

Nuwun, kangjêng sang aprabu, ingkang awit dhawuhipun eyang paduka kangjêng tuwan ingkang agêng guprênur jendral ing Batawi, putra kula kangjêng sunan katimbalan badhe kadangu prakawis ingkang awigatos, kula aturi têdhak saking Kartasura kemawon.

Wangsulanipun sang aprabu langkung sêrêt saha kumêmbêng ingkang netra: Inggih sandika, bapa.

Lajêng kaaturan lèrèh ing kamaripun. Para prayagung sami bibaran, kumêndhan parentah dhatêng litnan prajurit Wêlandi kinèn jagi pasanggrahan.

Wontên wadana kêkalih nama Radèn Mas Arya Jayadiningrat, kalihan Tumênggung Wirarêja sowan sang aprabu lampah nyamar, malêbêt ing kamar. Bupati kalih sami anyungkêmi sampeyanipun sang nata kalihan matur lirih:

Dhuh, gusti kangjêng sang aprabu, sampeyan dalêm kawula aturi lajêng kondur dhatêng karaton kemawon, sampun ngantos [nga...]

--- 99 ---

[...ntos] andhèrèk aturipun tuwan residhèn, bilih wontên pamêksaning Kumpêni, bupati sakawan ingkang dados tawur ananggulangi, saha abdi dalêm sadaya sampun sami mirantos langkêp sadêdamêlipun ing ngayuda, karana kawula mirêng, radèn patih matur dhatêng residhèn, tindak dalêm punika sampun ngantos kakondurakên dhatêng karaton, kalajêngna kemawon dhatêng ing Samarang.

Sang nata ngandika: He, riya utawa Wirarêja, aturira iku bangêt ing panarimaningsun, nanging ingsun boya niyat balela marang Kumpêni, mundhak agawe rusak wong cilik, toging ngêndon ora nana dadine. Apa sira ora eling duk bêdhahing karaton Kartasura, kangjêng eyang balela marang Kumpêni, apa ora banjur nandhang kasrakat. Wis mundura, riya, yèn konangan residhèn mundhak ora bêcik kadadeane.

Punggawa kêkalih manganjali enggal mêdal.

Sarêng sampun tabuh gangsal enjing, tambur salomprèt mungêl sasmita dhatêng prajurit kinèn mijil saking pamondhokan, sampun baris wontên ing plataran. Kangjêng tuwan residhèn [re...]

--- 100 ---

[...sidhèn] amatah ingkang andhèrèkakên kangjêng sunan dhatêng Samarang, Tuwan Kumêndhan Surakarta, tuwan kumêndhan ing Klathèn, Tuwan Winêr litnan lêgundêr, sampun sami mirantos. Kareta agêng sampun sêdhiya, dene abdi ingkang andhèrèkakên kangjêng sunan namung satunggal nama Radèn Cakradipura. Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, sêdhiya angurmati tindakipun kangjêng susuhunan. Bupati nayaka sampun sêdhiya wontên pandhapa. kangjêng sunan sampun miyos lênggah wontên pandhapa, lajêng jumênêng têtabean kalihan tuwan residhèn, tumêdhak ing plataran kaurmatan prajurit Walandi utawi prajutir Mangkunagaran, kangjêng sunan kêkanthi tuwan residhèn minggahipun dhatêng kareta, lênggah jèjèr kalihan kumêndhan ing Sala, Tuwan Wintêr linggih bak ngajêng jèjèr kalihan kumêndhan ing Klathèn, Radèn Cakradipura linggih ing kusiran. Kareta lajêng kalampahakên, tuwan residhèn tuwin Pangeran Mangkunagara angaturi urmat, lampahing kareta sampun amêngkêrakên Kartasura. Kangjêng tuwan residhèn kalihan kangjêng gusti, kondur nitih kareta dhatêng Surakarta.

--- 101 ---

Kacariyos lampahing kareta ingkang katitihan ingkang sinuhun kangjêng sunan, sampun dumugi ing Samarang, kareta kalêbêtakên ing loji agêng sampun dipun sadhiyani kamar agêng sarta sae, ingkang anampèni kumêndhan agêng pangkat kolonèl. Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan animbali Tuwan Winêr, sampun sowan. Sang prabu ngandika:

Winêr, iki wangkingan pusaka karaton aran Kyai Balabar, aturna bapa residhèn supaya amasrahake marang karaton. Kajaba iku sira matura bapa residhèn, garwaningsun bok ratu anom supaya enggal kakirimake marang Samarang, dene garwaningsun Bok Ratu Hêmas, yèn gêlêm milu iya enggal kasusulna, lan tabeningsun aturna bapa residhèn.

Tuwan Winêr nyuwun pamit mundur dhatêng Surakarta, punapa malih kumêndhan kêkalih nyuwun pamit mundur, lajêng sami têtabean.

Botên kacariyos lampahipun Tuwan Winêr kalihan kumêndhan kêkalih sampun dumugi Surakarta, lajêng sowan ing

--- 102 ---

kangjêng tuwan residhèn, ngaturakên wangkingan pusaka karaton, punapa malih wêling pamundhutipun kangjêng sunan. Tuwan residhèn lajêng dhawuh dhatêng Tuwan Winêr kinèn rêmbag dhatêng Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, kangjêng ratu anom enggal kakintunakên dhatêng Samarang katumpakna kareta pos. Tuwan Winêr matur sandika. Enggalipun sampun kalêksanan kangjêng ratu anom kakintunakên dhatêng Samarang, dene Kangjêng Ratu Hêmas botên karsa margi pambêngan bobot sêpuh (sinêngkalan kendhangipun Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VI, nabdèng diyu tutur arja = 1757, taun Walandi: 1830).