Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

I. Babad Alit; II. Jumênêngipun Cungkup Ing Pasarean Kuthagêdhe, Prawirawinarsa/Jayèngpranata, 1921, #989

Katalog:I. Babad Alit; II. Jumênêngipun Cungkup Ing Pasarean Kuthagêdhe, Prawirawinarsa/Jayèngpranata, 1921, #989
Sambung:-

Serie No. 462 Regi f 1,--

--- 0 ---

I. Babad Alit

Anggitanipun R. Prawira Winarsa

II. Jumênêngipun Cungkup ing Pasarean Kutha Gêdhe

Anggitanipun Radèn Ngabèi Jayèng Pranata

UITGAVE VAN DE COMMISIE VOOR DE VOLKSLECTUUR WEDALAN BALE-POESTAKA

--- 1 ---

Commissie Voor De Volkslectuur. Serie No. 426

I. Babad Alit

Mawi Rinêngga ing Gambar-gambar sarta Kar

Anggitanipun Radèn Prawira Winarsa

II. Jumênêngipun Cungkup ing Pasarean Kutha Gêdhe

Anggitanipun Radèn Ngabèi Jayèng Pranata

Wêdalan Balepustaka Wèltevrèdhên 1921.

--- 2 ---

1. Walèh

Kula nuwun wiyosipun, mênggah anggèn kula andêrcipta ngadani cariyos bab pasareanipun para luhur ratu ing tanah Jawi, ingkang sumare ing astana Imagiri, punika mula bukanipun makatên:

Sadèrêngipun kula anglampahi ayahanipun kangjêng gupêrmèn dados mantri guru wontên ing pamulangan, ôngka II ing Imagiri, bawah nagari dalêm Ngayogyakarta (Nopèmbêr 1911), punika ing batos mila sampun dangu sangêt anggèn kula kuwal-kuwil gadhah grênjêt badhe sumêrêp, ngiras pantês sajarah sowan dhatêng pasarean ing Imagiri, nanging têka tansah kêpambêng dening sabab ingkang kathah-kathah kemawon, mila sarêng kula sagêd dêdunung wontên ing ngriku, sapintên ta bingah saha lêganing manah kula, awit padamêlan kula têka kapinujon kalihan èsthining manah. Sarêng kula sampun sawatawis wulan wontên ing ngriku, lajêng ragi dhamang sarta ragi mangêrtos dhatêng kawontênanipun sadaya, inggih punika bab lampah-lampah tuwin cara-caranipun. Dene anggèn kula kêpengin sumêrêp ingkang samantên wau, sajatosipun botên miyambaki. [miya...]

--- 3 ---

[...mbaki.] Sampun malih cacak bangsanipun tiyang Jawi (priyantun saha tiyang alit), tiyang para luhur Walandi, ingkang saking tanah môncapraja kathah ingkang rawuh, namung pêrlu badhe priksa. Kêrêp kemawon kula manoni kados ta: bôngsa tuwan-tuwan Walandi, Inggris, Siyêm, Prasman lan sanès-sanèsipun, sami mriku namung pêrlu badhe nguningani. Punapa malih bôngsa Jawi ingkang saking amônca, ing sabên dintên sae kemawon kathah ingkang sami sajarah.

Ananging mugi andadosna kawuningan, para ingkang sami badhe sumêrêp wau kathah ingkang cuwa manahipun, jalaran sami kanggêg lampahipun, dening botên kenging lumêbêt. Awit saking kaparêngipun karsa dalêm ingkang sinuhun kêkalih Ngayogya Surakarta, sampun sami paring pêpacak, inggih punika para ingkang sami sajarah, kengingipun malêbêt manawi ing dintên Jumuwah kalihan Sênèn, ngiras nyarêngi cundaka dalêm, priyantun juru kunci ingkang sami kautus nyaosi dhahar (sêkar lan dupa). Makatên wau ingkang kenging unjuk bêkti, namung ingkang taksih gadhah sêsêbutan: radèn mas, sarta radèn ajêng. Dene ingkang namung gadhah sêsêbutan: radèn, sarta radèn rara sapangandhap, namung sagêd sowan wontên ing palataran kemawon. Mênggah saking pranatan dalêm Ingkang Sinuhun Ngayogya, Surakarta, ingkang kenging gadhah sêsêbutan: [sêsê...]

--- 4 ---

[...butan:] radèn mas, sarta radèn ajêng punika ingkang grad IV (canggah dalêm) saking panjênêngan nata ingkang sampun sawarga utawi ingkang taksih jumênêng.

Sarêng kula kêrêp sumêrêp para lêluhur Jawi saking karaton kêkalih, ingkang sami sowan sarta marak sajarah, punapa malih para bôngsa sanès kados dene ingkang kula aturakên ing nginggil, dados pêrlu sangêt kula ngandharakên kawontênanipun pasarean, ananging namung sasagêd saha sagaduking manah kula kemawon, supados tiyang ingkang saking môncapraja utawi ingkang dèrèng dhamang sagêda mangêrtos kawontênanipun lampah-lampah manawi badhe sowan sajarah mriku.

Sarêng kula wontên ing Imagiri angsal kalih têngah taun, sawêg sagêd nyariyosakên sawatawis kawontênanipun ing ngriku, dene sababipun inggih kadosdene ingkang kula aturakên ing nginggil wau, punapa malih kula kêdah nêrangi dhatêng tiyang pribumi ingkang ragi dhamang dhatêng kawontênanipun ing ngriku. Ewasamantên cariyos kula punika, kenging dipun têmbungakên namung ramyang-ramyang kemawon, malah wontên pasarean ingkang botên kasumêrêpan asmanipun, awit para juru kunci dalasan tiyang sêpuh-sêpuh inggih botên sumêrêp. Mila manawi wontên kêkiranganipun cariyos kula,

--- 5 ---

mugi para maos sami angêgungna sih pangapuntên, namung lowung dhatêng ingkang dèrèng dhamang babar pisan.

Wondene anggèn kula sagêd sowan lumêbêt dhatêng pasarean punika, jalaran kula taksih grad IV saking ingkang sinuhun sêpuh (Hamêngkubuwana II) ing Ngayogyakarta. Mênggah kawontênaning cariyos-cariyos kados ing ngandhap punika.

2. Pêrnah

Mênggah pêrnahipun pasarean Imagiri punika saking nagari Ngayogyakarta lêrêsipun ngidul sêmu ngèncèng mangetan sakêdhik, têbihipun 12 pal. Manawi lampah dharat, lampahan 3¼ lampah kareta 1¼ jam. Marginipun saking kamar bolah ngetan sakêdhik. Dumugi margi prasakawanan ing kampung Gôndamanan, menggok mangidul. Dumugi pojok bètèng karaton ingkang kidul wetan, menggok mangetan. Dumugi pratigan sakilèn krêtêg tungkak, menggok ngidul têrus. Lajêng nglangkungi griya los, inggih punika pos ing Gandhok, têrus mangidul saengga dumugi griya los pos ing Barongan. Ing ngriku menggok ngidul ngetan anglangkungi lèpèn Opak taksih têrus ngetan. Sarêng dumugi sawetan kadhistrikan bawah Surakarta, [Surakar...]

--- 6 ---

[...ta,] menggok ngidul sakêdhik, lajêng menggok mangetan têrus ngèncèng-èncèng ngalèr ngetan, dumugi masjid Pajimatan, ing ngriku menggok ngalèr sarta menggok andêdêr rêdi ngantos dumugi ing pasarean.

Pèngêt.

Mangsuli bab lampah, manawi lèpèn Opak pinuju banjir, prayogi mêdal ing krêtêg, dene marginipun salèr pos ing Barongan, sarta sakidulipun cakêt asistèn panji ing Jêthis, menggok mangetan. Dumugi ing dhusun utawi pasarean Karangsêmut, menggok mangidul anglangkungi krêtêg sarta asistèn Panji Singosarèn, têrus mangidul dumugi sangajêngipun kadhistrikan bawah Surakarta, têmpuk kalihan margi ingkang rumiyin. Mênggah pasewanipun kareta ± saringgit, namung dumugi sangajêngipun kadhistrikan bawah Ngayogya.

Manawi lampah dharat badhe pados kamayaran, prayogi numpak tram saking sêtatsiun Tugu mêdhak ing haltê Kutha Gêdhe.

3. Dunungipun pasarean

[Grafik]

A. 4. Undhak-undhakan dhatêng pasarean Imagiri, saking kidul.

[Grafik]

A. 5. Prapatan undhak-undhakan sakidul blumbang bêngkung, saking kidul kilèn.

Mênggah dunungipun pasarean, punika wontên sapucaking rêdi alit-alit ingkang ajèjèr-jèjèr mujur mangilèn.

--- 7 ---

Rêdi wau sajatosipun pagêr rêdi, inggih punika watêsipun tanah parêdèn ing asdhèlingapdhèling. Gunungkidul ingkang sisih kilèn, kalihan watês ngare ing apdhèling Mataram ingkang sisih wetan. Mênggah enthanipun tanah apdhèling Gunungkidul kalihan tanah ngare punika kadosdene ambèn kalihan jogan.

Salêbêtipun cariyos bab pêrnah, sampun nêrangakên manawi saking masjid Pajimatan, marginipun ngalèr minggah andêdêr. Minggahipun wau mawi undhak-undhakan banon ingkang êtrapipun miring. Dene kathahipun wontên 364 pancadan. Satunggal-tunggalipun undhak-undhakan wontên 1,9 d.M. Dados inggilipun siti pasarean saking masjid Pajimatan ± 69,16 M. Sitinipun wujud lêmpung abrit, utawi wontên ingkang cêmêng lincat, wontên ugi ingkang kaworan gamping. Pramila manawi môngsa rêndhêng undhak-undhakan wau lunyu, jalaran kilèn toya ingkang ambêkta walêd siti lêmpung. Dene manawi wontên risakipun undhak-undhakan, ingkang mulyakakên inggih ingkang kabêbahan, awit margi wau sampun bêbah-bêbahan ing Ngayogya lan Surakarta.

4. Pamêdal

Pasarean wau sampun kula têrangakên bab kawontênanipun pasitèn, [pa...]

--- 8 ---

[...sitèn,] sarèhning kathah ingkang kawoworan gamping, mila pamêdalipun pantun sarta palawija kirang sae. Ananging ngriku punika bab kawontênanipun krowodan kalêbêt mirah sarta kathah, sabab dhak-dhakan saking apdhèling Gunungkidul. Panggaotanipun ingkang agêng ing ngriku: bathik. Mênggah ingkang ambathik punika botên ngêmungakên tiyang èstri kemawon, dalasan tiyang jalêr, lare jalêr èstri inggih sami anggaota ngobèng utawi ambathik gadhahanipun piyambak. Bathikan wau manawi pinuju dintên pêkênan ing nagari (Wage, Paing) sami dipun kilak ing bakul, têrus kabêkta dhatêng nagari ngantos atusan. Ananging sapunika têtiyang ing ngriku sami narimah nyêrat nembok sêratan cap-capan. ing ngriku inggih kathah tiyang ingkang dados pandhe sami damêl arit lan pacul, saha misuwur dêdamêlipun. Pandhe-pandhe wau kathah ingkang turunanipun Kiyai Êmpu Cindheamoh, inggih punika abdi dalêm êmpu nalika jaman karaton ing Kata (Sultan Agung). Wontên malih ingkang sami damêl lèmpèng kêtan, kêthak, kangge sudhiyan dhatêng para ingkang sajarah mriku. Ulam Loh manawi nuju ungsum inggih kathah sarta agêng-agêng, wêdalan saking lèpèn Oya kalihan Opak.

--- 9 ---

5. Lèpèn Opak

Lèpèn Opak punika sami-sami lèpèn agêng ing tanah Jawi anèh piyambak, awit manawi môngsa katiga, ilinipun toya alit sangêt, botên beda kalihan kalèn. Ananging manawi môngsa rêndhêng sarta pinuju banjir agêng, toyanipun agêng sangêt sarta santêr. Tiyang ingkang langkung ngriku kêdah ambaita, tambanganipun 1 ngantos 15 sèn, mawi-mawi agêng alitipun toya. mila manawi agêng makatên ing môngka wontên layon, inggih susah sangêt, awit layon wau kêdah kasabrangakên, botên kenging kaêmot ing baita. Sampun nate kalampahan ingkang kados makatên, tiyang ingkang nyabrangakên layon, ngantos kantun sirahipun ingkang katingal, têrkadhang lêp sirahipun ngantos kacakan toya, awit sanajan dhasaripun lèpèn wêdhi, ewasamantên botên sagêd waradin (lètèr), inggih punika pating pandhukul, ambok manawi manut ombak umbuling toya. Wontên kaelokanipun malih, inggih punika yèn toyanipun agêng sangêt, asring wontên alunipun, lampahipun wontên ing têngah anggalêng (dede ombak bêbanyakan). Lah yèn pinuju wontên alunipun makatên, tiyang ingkang sami badhe ambaita, kêdah

--- 10 ---

ngêntosi icalipun alun rumiyin. Dene tiyang ing ngriku mastani alun: banthèng, ingkang mutawatosi sangêt dhatêng lampahing baita. Ing môngka sabrangan lèpèn Opak ing Imagiri, punika kalihan sagantên (sungapan) têbihipun watawis 2¼ pos. Mila kula piyambak inggih gumun, dening ing ngriku wontên alunipun.

Mila saking kaparêngipun karsa dalêm sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan ing Ngayogya ingkang kaping VII yasa krêtêg. Mênggah ingkang dipun krêtêg sabrangan sakidulipun pos Karangsêmut, têbihipun saking pasarean kadugi 1½ pal. Krêtêg wau ingkang kapatah anggarap, watêrsêtat kalayan waragad 27000 rupiyah. Wiwitipun anggarap wontên akiripun taun 1912 rampungipun wontên pungkasanipun taun 1913. Ing ngriku mitulungi sangêt dhatêng tiyang ingkang lêlampah, sanajan banjir agêng, kareta sagêd dumugi ing Imagiri. Botên sanès saking pamuji kula, krêtêg wau sagêda awèt, awit lèpèn Opak wau sampun rambah-rambah ngrisakakên krêtêg sêpur.

Lèpèn Opak punika tukipun saking lêngkèhing rêdi Marapi ingkang kidul wetan. Lumampah mangidul kêjogan lèpèn sanès-sanèsipun, tumuntên wutah ing sagantên. [sagantê...]

--- 11 ---

[...n.] Manawi nuju banjir agêng, têmpuripun lèpèn Oya, sagêd damêl kasusahanipun tiyang padhusunan, awit lèpèn Oya punika ugi agêng, nanging lampahipun rêmbên ngêmblêng. Rèhning lampahipun lèpèn Opak punika santêr ambanting, mila manawi pinuju banjir makatên, sabin sarta padhusunan bawah asistèn Panji Tunggalan, dalah krajanipun kaondêran, sagêd kêlêm ngantos lêbêtipun toya 1½ elo.

6. Abdi dalêm juru kunci

Sarèhning pasarean Imagiri punika lêluhuripun panjênêngan nata kêkalih Ngayogya lan Surakarta, mila sami maringi juru kunci apangkat bupati anom, ngêrèhakên kaliwon, panèwu sarta mantri juru kunci. Wêwênangipun ngrêksa pasarean dalêm, sarta manawi wontên botol borotipun, kêdah lapur dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Manawi dintên Sênèn wiwit jam pitu dumugi jam sanga enjing, sarta ing dintên Jumungah wiwit jam satunggal dumugi jam kalih siyang, para juru kunci sami sowan ambikak kori, pêrlunipun rêrêsik sarta ngunjukakên dhahar saking karaton kêkalih wujud sêkar kalihan dupa. Lah ing wêktu punika para ingkang badhe sowan [so...]

--- 12 ---

[...wan] sujarah sagêd lumêbêt. Nanging sampun kasupèn, ingkang kenging saos bêkti namung ingkang taksih grad IV, dene sanèsipun namung wontên ing palataran kemawon.

Manawi garêbêg Mulud, para juru kunci sawadananipun sami sowan tugur dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak, nanging ugi wontên ingkang kapatah nêngga ing pasarean. Dene manawi garêbêg Bêsar sarta Sawal (Riyadi) namung sami sowan garêbêgan dhatêng pasarean kemawon. Manawi garêbêg Sawal sowanipun rambah kaping kalih, ingkang sapisan tanggal satunggal Sawal, inggih punika ingkang sinêbut garêbêg agêng. Ingkang kaping kalih tanggal kaping pitu Sawal, ingkang sinêbut alit. Mênggah panganggenipun para juru kunci manawi pinuju makatên, inggih kaprabon kadosdene manawi sowan garêbêgan dhatêng nagari. Manawi garêbêg agêng (wulan Sawal tanggal sapisan) kathah tiyang ingkang ningali ngantos ewon utawi atusan, têrkadhang wontên tiyang ngamônca ingkang ningali ngiras pantês sujarah. Sadaya wau sami mangangge pameran, mila inggih asri sarta rame. Manawi botên dintên agêng makatên, para juru kunci wau sami giliran saos (tungguk) wontên ing pasarean kanthi bêbau kêpêdhak sarta ingkang dipun sêbut kônca tungguk.

[Grafik]

H.1.41. Salêbêtipun kadhaton kaping 9

1. Kangjêng Ratu Pakubuwana, 2. Ingkang Sinuhun kaping 9, 3. Kangjêng Ratu Agêng, 6. Bandara Radèn Ayu Wiryadiningrat, 7. Radèn Ayu Pandayaprana.

[Grafik]

H.2.42. Salêbêtipun kadhaton ingkang kaping 7

1. Radèn Ayu Mangkubumi Sêpuh, 2. Ingkang Sinuhun kaping 8, 3. Ingkang Sinuhun kaping 7, 4. Kangjêng Ratu Pakubuwana, 5. Kangjêng Ratu Kancanawungu, 6. Kangjêng Ratu Pambayun.

Manawi pinuju wontên layon, panganggenipun para juru

--- 13 ---

kunci Ngayogya kadosdene manawi sowan garêbêgan, yèn ing Surakarta kadosdene manawi sowan saos ing dintên Sênèn lan Jumungah. Dene yèn layon wau putra dalem utawi kangjêng gusti pangeran adipati anom agêngipun ingkang sinuhun, para juru kunci kêdah sowan sadaya, sarta mêthuk ngantos dumugi ing lèpèn Opak.

Para juru kunci ing Ngayogya lan Surakarta kathah ingkang manggèn ing pajimatan, namung bupati wadana juru kunci sami wontên ing Imagiri manggèn ing griya kabupatèn (griya kongsèn).

7. Tatacara

Manawi wontên sakukubaning pasarean ngriku, tiyang-tiyang sami botên mastani ing pasarean anu, nanging ing kadhaton anu. Umapaminipun kados ta: Kadhaton Sultan Agungan, Kadhaton Pakubuwanan, makatên sapiturutipun. Mila sadaya ingkang seba sujarah, priyantun agêng utawi tiyang alit, kêdah mangangge kados sacaranipun lumêbêt dhatêng karaton Ngayogya lan Surakarta. Dene para bôngsa tuwan-tuwan Walandi manawi badhe sujarah dhatêng Imagiri, kêdah pratela rumiyin dhatêng kapatihan, mangke paprentahan kapatihan lajêng ambêktani karcis. Tumrapipun putra dalêm [dalê...]

--- 14 ---

[...m] utawi wayah dalêm ugi apratela dhatêng kapatihan, mangke paprentahan kapatihan lajêng dhawuh dhatêng ing Imagiri nindakna ing sapêrlunipun. Yèn botên makatên (tanpa pratela dhatêng kapatihan) mêsthi ingkang sami sujarah wau botên sagêd lumêbêt.

Wêwênanging lumêbêtipun para tuwan Walandi, tumrapipun dhatêng kadhaton Sultan Agungan, namung kenging dumugi ing supiturang, manawi dhatêng kadhaton sanèsipun, kenging ngantos dumugi ing palataran (srimanganti). Manawi tuwan-tuwan Walandi wau apangkat residhèn utawi asistèn residhèn, kasêbut dhawuh saking nagari Surakarta, tumrap dhatêng kadhaton Sultan Agungan, kenging lumêbêt dumugi palênggahan (palataran sapisan saking nglêbêt). Dene manawi dhatêng kadhaton sanès-sanèsipun kenging lumêbêt pisan. Ananging ingkang sampun kalampahan sarta sampun kula sumêrêpi, para tuwan-tuwan wau inggih namung dumugi ing supiturang.

[Grafik]

B. 1 Gapura supiturang, Sultan Agungan. Saking kidul.

[Grafik]

B. 6 Kadhaton Sultan Agungan. Saking kidul wetan.

Para juru kunci manawi badhe ambikak kori kadhaton, inggih punika yèn badhe saos sêkar lan dupa ing dintên Sênèn kalihan Jumungah, ingkang rumiyin dêdupa sarta tahlil. Sampunipun mênga, lajêng têbah-têbah sarta pêpujian. Nalika punika para ingkang unjuk bêkti (canggah sapanginggil) sami

--- 15 ---

nyarêngi. Sarèhning kadhaton Sultan Agungan punika pêtêng sangêt, dados kêdah ngangge dilah lilin.

8. Taksih salêbêtipun bab tatacara

a. Manawi wontên layon

Manawi wontên layon saking Surakarta, kêdah kasêpurakên mirunggan (extratrein) mêdhakipun wontên ing sêtatsiun N. I. S. ing Lêmpuyangan, kapêthuk para abdi dalêm ing Ngayogya ingkang sami anggantung pasisiran (kabêbahan gadhah lampah nagari). Sasampading panatanipun lampah, lajêng pangkat dhatêng pasarean Pasar Gêdhe sarta wontên ing ngriku nyare sadalu, enjingipun lajêng têrus dhatêng pasarean Imagiri. Mênggah uparêngganing layon, punika beda kalihan layon saking Ngayogya. Yèn layon saking Surakarta, punika kapêthi kadosdene layone bôngsa Walandi, sarta mawi kareta ingkang pinajang-pajang pèni.§ Layonipun Kangjêng Ratu Pambayun (taun 1917) taksih cara kina. Manawi layon saking Ngayogya, sanajan layonipun ingkang sinuhun, taksih barès cara Jawi kina.

Salêbêtipun kula wontên ing Imagiri, mêningi layon dalêm [da...]

--- 16 ---

[...lêm] kangjêng gusti pangeran adipati anom ing Ngayogya, ing ngriku kaprabon sarta ampilan ing kadipatèn anom kaampil para abdi dalêm manggung, dalasan songsong sungsun tiga lan sapanunggilanipun inggih kadhèrèkakên. Dados ampilan ing kadipatèn anom cêkakipun kêrig lampit, punapa malih kaurung-urung para prajurit wolung gêndera, namung prajurit mantri jêro ingkang botên. Layon kaayap para pangeran sarta patih kadipatèn anom saandhahanipun, winêwahan abdi dalêm ing kasêpuhan ingkang anggantung pasisiran, dalasan kalangênan dalêm (ingah-ingahan ingkang kacêlak) inggih kadhèrèkakên. Mênggah uparêngganing layon barès cara kina, anamung kêbak gêgubahan sêkar pisungsung saking para tuwan-tuwan Walandi. Kalêrês nginggil ing ngajêng, katumpangan agêm-agêman dalêm cara Walandi cêmêng (Luitenant colonel), dalasan agêm dalêm rante èrloji ingkang saking barliyan rinonce katingal pating kalêpyur. Nalika punika untabipun para ningali botên kantên-kantênan kathahipun, ngantos ing Imagiri kêbak gêbêl bêntêt tiyang.

Sasampunipun sumare, abdi dalêm prajurit katanggung mawi tugur laminipun ngantos tigang dintên wontên srimanganti (pasarean). Ing sadangunipun tugur, sabên jam 6 enjing sontên [sontê...]

--- 17 ---

[...n] sarta jam 8 dalu mawi ngungêlakên tambur kados sacaranipun manawi saos wontên ing kadhaton. Dene manawi ingkang seda wau ingkang sinuhun, ingkang tugur prajurit mantri jêro, laminipun ngantos pitung dintên.

b. Tiyang pribumi ing Imagiri.

Caranipun tiyang ing ngriku punika manawi kêsripahan, tamtu nyêgah nêdha utawi nyamikan dhatêng ingkang sami layat. Dene manawi wontên tôngga utawi sanak sadhèrèk ingkang manjurung (nyumbang), punika dumuginipun wilujêngan mitung dintên, kêdah dipun angsul-angsuli sêkul salawuhipun. Dados manawi kêsripahan, kenging kula wastani kêpalu kêpênthung, awit sampun ngêdalakên wragading mayit, kawêwahan ngêdalakên sêsêgah tur dipun èmbèl-èmbèli ngangsul-angsuli dhatêng tiyang utawi sanak sadhèrèk ingkang sami manjurung. Inggih tumrapipun tiyang ingkang wontên botên patosa ngrêkaos, wangsul tumrap dhatêng tiyang ingkang sarwa kirang, punapa botên andadosakên kasusahan ingkang agêng. Dene wontênipun lêlampahan ingkang makatên wau, jalaran ing ngriku kathah kuburan ingkang wontên ing rêdi. Dados manawi damêl kaluwat, pandhudhukipun dangu, amargi saking angèlipun, ananging lajêng tular-tumularipun, sanajan kuburan wau

--- 18 ---

wontên ing ngare, ingkang sitinipun êmpuk, tiyang ingkang kasripahan inggih lajêng anut tatacara kados ingkang kula andharakên ing nginggil, mawi nyêgah lan sanès-sanèsipun. Kula sampun nate badhe damêl pakêmpalan pralenan, tujuning sêdya badhe ngicalakên bab sêsêgah, nanging botên kêdadosan, awit garunêngipun: wong ngriki, ngotên niku êmpun carane. Sigêg.

Para pribumi ing ngriku anèm sêpuh kathah ingkang sami gadhah sêsakit pathèk sarta bubul, saking kathahipun sêsakit wau, ngantos dipun anggêp sêsakit limrah (wong wis ganjarane dhewe-dhewe), tandhanipun awis sangêt tiyang ingkang ambudidaya murih sirnaning sêsakit wau. Ingkang makatên wau andadosakên kirang majênging dhatêng pamulangan, awit sawêg nêngah-nêngahi sinau, lajêng kataman sêsakit pathèk utawi bubul, dados kapêksa kanggêg pasinaonipun.

Caranipun para juru kunci manawi gadhah damêl mantu, têtakan utawi sanès-sanèsipun, yèn ing Ngayogya namung cêkap jagongan (lênggahan) slawatan, maos prajanji kemawon, botên pisan-pisan kenging mawi gôngsa, ananging manawi ing Surakarta, kênging uyon-uyon utawi nanggap ringgit wacucal, malah wontên ingkang ngantos anggadhahi ringgit wacucal.

--- 19 ---

9. Kapulisèn

Sarèhning nagari Surakarta punika kagungan siti wontên ing Imagiri kathahipun 133¾ jung, mila maringi pulisi apangkat panèwu dhistrik, ngêrèhakên carik kêkalih, ingkang ôngka 1 ngiras ngrangkêp dêmang, upas sêpuh kêkalih (kajinêman), upas nèm wolu (jagawèsthi). Wontênipun paprentahan sumampir dhatêng paprentahan Ngayogya, ananging bab babagan prakawis siti kêdah dhatêng Surakarta. Pulisi ing Ngayogya ingkang wontên ing Imagiri apangkat panji dhistrik, kanthi carik kalihan upas ngalih, upas buwi kalih. Ambawahakên asistèn panji (ondêr dhêstrik) kalih.

Mangsuli siti Surakarta ingkang wontên ing Imagiri. Siti samantên wau sami kaparingakên anggadhuh dhatêng wadana juru kunci saandhahanipun, sarta dados sabin narawita.

Ing salêbêtipun taun 1917, siti-siti ingkang gumadhuh wau badhe kapundhut ing nagari, dene ingkang anggadhuh badhe kaparingan balônja. Mênggah siti narawita punika mêdalipun kangge sudhiyan nyêgah tamu, manawi wontên tamu saking Surakarta. Makatên malih rèhning siti bawah Surakarta wau wontên ingkang wana pajatosan, dados dipun paringi dêmang pangalasan kêkalih.

--- 20 ---

10. Ingkang murni yasa pasarean Imagiri

Mênggah ingkang amurwani pasarean Imagiri, punika ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hanyakrakusuma, ingkang akadhaton ing Karta, Mataram, inggih punika ingkang kalok Ingkang Sinuhun Sultan Agung, kalêrês putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Anyakrawati, ingkang akadhaton ing Palèrèt, inggih punika ingkang sinêbut Ingkang Sinuhun Seda Krapyak, utawi kalêrês wayah dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Balekajênar ing Mataram, inggih punika Kangjêng Panêmbahan Sênapati utawi Ngabèi Sutawijaya, Dêmang Loring Pasar jaman karaton Pajang.

[Grafik]

B. 7. Capuri kadhaton Sultan Agungan. Saking rêdi Mêrak.

[Grafik]

D.10 Capuri kadhaton Ngayogyakarta, saking wetan.

Wiwitanipun pancèn ingkang karancang badhe kagêm pasarean (gênthan) punika ing rêdi Girilaya. Mênggah rêdi Girilaya punika rêdi alit kaprênah salèr wetanipun kalayan pasarean Imagiri, têbihipun watawis 1¼ pal. Nalika ngadani yasa gênthan wontên ing Girilaya wau ingkang Sinuhun karsa nyalirani anjênêngi piyambak. Kacariyos sarêng sawêg nêngah-nêngahi yasa, paman dalêm Kangjêng Panêmbahan Juminah nusul badhe pariksa yasan dalêm gênthan wau. Dilalah saking karsaning Allah, kangjêng panêmbahan wau andadak gêrah lajêng seda. Saking karsa dalêm, paman dalêm wau lajêng kasarèkakên [kasarèka...]

--- 21 ---

[...kên] wontên ing ngriku. Ingkang makatên wau andadosakên cuwaning panggalih dalêm, awit karumiyinan paman dalêm, punapa malih lajêng ngosikakên panggalih dalêm, upami ing akiripun salira dalêm saèstu sumare wontên ing Girilaya, manawi putra wayah dalêm sami badhe andhèrèk sumare, saèstu badhe sêsak papanipun, awit ing Girilaya wau kirang ombèr, mila lajêng yasa gênthan malih wontên ing Imagiri punika, sarta salira dalêm ugi anjênêngi malih.§ Kacariyos wontên ing Sêrat Babad Nitik, Imagiri punika waunipun wana grêng sarta kathah kewan-kewanipun. Ing nalika yasa punika para kawula dalêm ingkang sami nyambut damêl kathah sangêt, sarta bêbah-bêbahan padamêlanipun. Sasampunipun papan dados, lajêng yasa dalêm agêng (cungkup) ingkang pinagêran gêbyog mubêng. Mênggah gêbyog wau ingkang kadamêl kajêng wungle, asalipun saking tanah Palembang pulo Sumatra. Ingkang andadosakên ngunguning manah kula, gêbyog wau sanajan sampun atusan taun, dumugi sapriki (1917) katingal taksih sae sarta santosa. Kacariyos sarêng dalêm agêng wau sampun mèh rampung, Sultan Cirêbon ingkang andhèrèk dandos-dandos andadak seda wontên ing ngriku, layon lajêng kasarèkakên [kasarè...]

--- 22 ---

[...kakên] wontên ing Girilaya nunggil Kangjêng Panêmbahan Juminah kasêbut ngajêng, kaprênah sawetanipun.

Kacariyos dalêm agêng (gênthan) wau sarêng sampun dados kapacak sae, kaentha sacaraning kadhaton, ing ngajêng lèr pasowanan kaparingan êncèh saking tanah Acih, sarta pinaringan tanêman wit cêngkèh, sakidulipun supiturang pinaringan balumbang sarta kinarêtêg, ingkang kilèn toya saking tuk ing Bêngkung. Kacariyos wontên ing Sêrat Babad Nitik, tuk ing Bêngkung wau ingkang yasa Kangjêng Sunan Kalijaga.

11. Pasanggrahan ing Imagiri

Sarêng yasan dalêm gênthan sampun dados, lajêng yasa dalêm pasangrahan wontên ing dhusun Imagiri. Dhusun wau kaprênah wontên sakilènipun gênthan, têbihipun watawis satêngah pal. Dalêm pasangrahan wau ing sapunikanipun namung kantun tilas, malah kaêjrakan griya pagantosan guprêmèn, namung kantun pagêr banonipun sawatawis ingkang taksih. Sakilènipun dalêm pasanggrahan wau wontên ara-aranipun, ingkang lajêng pinêtha alun-alun alit sarta ing têngah katanêman wit waringin kêkalih. Kacariyos rumiyinipun sabên ing dintên Sênèn kalihan Jumungah, yèn ingkang sinuhun miyos [mi...]

--- 23 ---

[...yos] mriku, alun-alun wau kagêm watang utawi ajar pêrang dhatêng abdi dalêm prajurit sêsêliran, sarta ing sapunikanipun, sakiwa têngênipun alun-alun wau wontên dhusun patilasaning pondhokan pun para prajurit kacihna saking namanipun.

Ing sabên-sabên ngriku wontên watang utawi ajar pêrang, tiyang ningali kathah sangêt, sarta wontên ingkang sêsadèyan ratêngan utawi sanès-sanèsipun, ngantos ing sapriki dados pêkên ngêjraki tilas alun-alun wau. Inggih punika mula bukanipun pêkên ing Imagiri pêkênanipun ngangge dintên Sênèn kalihan Jumungah. Beda kalihan pêkên sanès-sanèsipun ing bawah Ngayogya ngangge dintên pêkênan (Pon, Wage lan salajêngipun).

Mênggah ingkang andhèrèk sumare wontên ing ngriku, para panjênêngan nata prasasat sadaya, dene ingkang botên andhèrèk sumare inggih punika:

1. Ingkang Sinuhun Mangkurat Agêng, sumare wontên ing Têgalarum (Têgal).

2. Ingkang Sinuhun Mangkurat Mas, sumare ing pulo Selon.

3. Ingkang Sinuhun Pakubuwana II inggih Sinuhun Kombul, sumare ing Lawiyan (Surakarta).

--- 24 ---

4. Ingkang Sinuhun Pakubuwana VI inggih Sinuhun Ambanguntapa, sumare ing Ambon.

5. Ingkang Sinuhun Hamêngku Buwana II ing Ngayogya, ingkang sinêbut Sinuhun Sêpuh, sumare wontên ing Pasar Gêdhe Ngayogya, andhèrèk sumare Ingkang Sinuhun Sultan Pajang ingkang sinêbut Dhatuk Palèmbang, utawi nunggil ingkang Sinuhun Balekajênar punapa malih Ingkang Sinuhun Anyakrawati ingkang sinêbut Sinuhun Seda Krapyak.

Dumuginipun sapunika putra wayah dalêm prasasat sadaya andhèrèk sumare wontên ing Imagiri. Wontên ugi kawula dalêm ingkang andhèrèk, nanging punika kalêbêt miji.

12. Jamanipun karaton ing Karta, Mataram

[Grafik]

F.5. Kadhaton kaping sanga, saking kidul wetan

[Grafik]

G.1. Papan sakilèn kadhaton kaping sanga, saking kidul.

Nalika jaman samantên (Sultan Agung) ing tanah Jawi têntrêm gêmah raharja. Manahipun tiyang alit sami sênêng, jalaran winêngku ratu ingkang linangkung, punapa malih mirah sandhang lan têdha. ingkang sinuhun punika rukunipun dhatêng agami Islam kêncêng sangêt, sarta rêmên sangêt nêngênakên santana sarta kawula ingkang sugih kasagêdan lan kêkêndêlan, kados ta: Pangeran [Pange...]

--- 25 ---

[...ran] Purubaya seda godog ingkang sumare ing Wotgalèh, Ngayogya, Pangulu Kategan, Kaji Têgal, Kyai Wanakriya ing Blambangan, Ki Pangat abdi dalêm pakathik lan sanès-sanèsipun. Kajawi punika têtêlukan saking sabrang ugi kathah, ngantos jaman samantên mèh pulih kados nalika jaman Majapait.

13. Cariyos ingkang pêrlu-pêrlu taksih salêbêtipun karaton ing Karta, Mataram

I. Ingkang Sinuhun kagungan abdi pakathik ingkang nama Ki Pangat, inggih ingkang nama Ki Singa, punika sangêt kinasih, awit saking sagêd anujuprana sarta limpad ing ngèlmi. Danguning dangu sinêngkakakên ing aluhur, winisudha dados warôngka dalêm (patih) nama Patih Singaranu.

II. Yasan dalêm dêdamêl waos ingkang mawi sêkar pala, inggih punika pamor adêg têngah, tinêpi ing wos wutah, punika piningit sangêt, para abdi dalêm êmpu kadhawuhan botên kenging sami damêl.

--- 26 ---

III. Sadaya para trah Mataram pinardi sastra tuwin gêndhing, manawi ngantos cotho, botên kaakên darah ing Mataram.

IV. Kathah yasan dalêm sêrat-sêrat, pola sêratan sarta gêndhing, kado sta: sêrat Sastra Gêndhing, pola bathikan uk, Gêndhing Sêmang lan sanès-sanèsipun, punika saengga samangke karaton kêkalih ing Ngayogya lan Surakarta taksih sami ngluhurakên. Tandhanipun kados ta: Gêndhing Sêmang punika kengingipun katabuh namung wontên ing salêbêting kadhaton.

V. Ingkang Sinuhun Karta nanêm gayam wontên ing dhusun Lipura bawah Ngayogya, yèn wit gayam wau ngantos sêkar, punika dados pratôndha manawi para among tani badhe botên kawêdalan tanêmanipun.

Nanêm wit ingkang ronipun warni pitu wontên ing Girilaya, nanging wit wau sampun pêjah, namung ingkang wontên ing pasarean Imagiri taksih gêsang, inggih punika wit satunggal ronipun sakawan, ingkang dados lajêripun wit nagasari anggadhahi êpang tiga, ingkang ngandhap wit asêm, wit prih kalihan bibis.

--- 27 ---

VI. Taksih panunggilanipun têtilas ing Sultan Agungan, nanging cêkap kula punggêl samantên kemawon, kados ta: salak ing jênu ingkang misuwur ecanipun, ringgit gêdhog, ringgit purwa dadosipun katatah wontên wacucal lan sanès-sanèsipun.

14. Wêwalêr

Ingkang sinuhun kagungan wêwalêr tumrap dhatêng trah-tumêrah dalêm, sampun ngantos sami wontên ingkang:

I. Ngagêm waos landheyan kajêng wrêgu.

II. Nitih titihan bêndana, lan

III. Botên sagêd sastra kalihan gêndhing kadosdene ingkang sampun kasêbut ngajêng.

Dene sababipun:

I. Nalika ingkang sinuhun karsa ngrapyak sangsam sarta kidang dhatêng rêdi kidul, wontên satunggaling sangsam ingkang galak, bokmanawi sawêg gadhah anak sarta kapêngkok ing plajêngipun. Ing ngriku nyandêr murugi dhatêng ingkang sinuhun, nanging katadhahan waos andhêmanipun lajêng andhawah pêjah. Kacariyos saking santêring panaut, landheyan wau ngantos malêngkung, dados pucuking singat sangsam [sang...]

--- 28 ---

[...sam] sagêd anggayor wêntis dalêm. Inggih punika waos ingkang mawi landheyan kajêng wrêgu, ingkang damêl nama Êmpu Kyai Cindhe Amoh, sarta waos wau adhapur tegawarna. Mênggah Êmpu Kyai Cindhe Amoh inggih andhèrèk andêdagan wontên ing Imagiri, kapêrnah wontên sawetan pasarean dalêm, nanging wontên sanjawining capuri.

II. Titihan bêndana punika namung sabab saking mutawatosi.

III. Sampun kajarwa ing nginggil, awit ingkang sinuhun wau rêmên sangêt dhatêng têmbung kawi, kasusastran kalihan gêndhing.

15. Siti mluwa

Salèripun pasarean cakêt wontên siti mluwa sakêdhik, kapêrnah pinggir lèpèn. Siti wau tiyang padhusunan sami ajrih anggarap, bokmanawi pancèn siti awon, dados botên sagêd mêdal asilipun, utawi bokbilih siti wau kaanggêp angkêr, awit sampun jamak limrah tiyang padhusunan taksih rêmên mêmêtri lêmah sangar kayu aèng, dene sababipun makatên:

Siti Mluwa wau ingkang rumiyin tilas kêdhung, nanging lajêng kaurugan walêd, ing sapunikanipun sampun wujud siti waradin. Nalika taksih dados kêdhung dipun angge tapa ambulus dhatêng kyai [kya...]

--- 29 ---

[...i] ing Giring ingkang kaping tiga (Kyai Wanatara) sarêng anggènipun tapa sampun dangu, lajêng wontên satunggaling aoliya langkung ing ngriku, sumêrêp wontên tiyang tapa ambulus lajêng dipun takèni: Kowe tapa ambulus ana ing kono pêrlune apa.

Wangsulanipun: Kula namung badhe nênuwun dhatêng Pangeran, ingkang kawêca wontên ing dawêgan nalika êmbah kula Giring rumiyin.

Aoliya ngandika malih: Sanajan mangkonoa iya aja ana ing kono, mundhak mêdèni wong liwat, bêcik nyênthonga ana ing guwa kono.

Kyai ing Giring III lajêng pindhah saking ngriku lumêbêt dhatêng guwa. Mila katêlahipun sapunika nama Kyai Sênthong, sarêng dumugining tilar kakubur wontên ing Girilaya. Dados tiyang ing dhusun sami ajrih nanêmi pasitèn wau, bokmanawi ajrih dening tilas pratapan.

Mênggah ingkang katagih Kyai Sênthong punika ingkang kawahya wontên ing sêrat babad, kados ing ngandhap punika.

Sêkar Dhandhanggula

Kyai Giring angling jêlah-jêlih / turun lima kula ingkang gadhah / tan rinungu mêksa ngèyèl / turun kaping nêmipun / adhi

--- 30 ---

kula kang gadhah waris / ki juru nolih mojar / kula botên asung / ngantos benjing botên suka / Kyai Giring dènnyangling ajêlah-jêlih / adhi turun ping sapta //

Kyai Agêng Pamanahan angling / turun pintên-pintêna tan suka / mung na turun kula dhewe / sirik ujaring ngèlmu / ananggupi tan krana yêkti / Ki Giring lêga tyasnya / dene wus sumaur / sarwi nolih gènnya nabda / Kyagêng Giring wangsul linggih anèng panti / bojone kang tinitah //

16. Babaripun Kyai Agêng Sênthong (Wanatara)

Kyai Sênthong pêputra Panêmbahan Rama inggih Pangeran Kajoran. Pangeran Kajoran pêputra èstri kêkalih, ingkang pambajêng kagarwa dhatêng Pangeran Wiramanggala, inggih punika kalêrês ingkang rayi Pangeran Purubaya Seda Godog, dene adhinipun dados semahipun Trunajaya.

Kacariyos Pangeran Wiramanggala kadakwa ambalela ing ratu, mila Ingkang Sinuhun Mangkurat Agêng lajêng utusan Pangeran Purubaya nyedani ingkang rayi wau. Sasampunipun Pangeran Wiramanggala seda, ingkang garwa (wayah Kyai Giring III) sawêg ambobot tigang wulan.

Kacariyos garwanipun anèm Sinuhun Mangkurat Agêng, ambabar [a...]

--- 31 ---

[...mbabar] putra nanging mêdal bungkus, lajêng kaparingakên dhatêng Pangeran Kajoran andikakakên ngruwat. Wasana linintu putra têtilaranipun Pangeran Wiramanggala, ingkang ing dintên punika inggih sawêg lair. Sang nata sangêt dhangan ing panggalih, lajêng ingkang putra wau sarêng sampun diwasa kajunjung pangeran, nama Pangeran Pugêr, inggih punika ingkang jumênêng nata ing Kartasura jêjuluk Ingkang Sinuhun Pakwbuwana I. Dados wiwit Senapatèn dumuginipun Pugêran têtêp kaping pitu, mantu kaprajangjianipun nalika jaman ing Giring I.

Prakawis wau supados marêm ing panggalih, prayogi kula pêthikakên saking sêrat Babad Nitik, kados ing ngandhap punika.

Sêkar Asmaradana

... / garwa saking Surabaya //

pêputra Pangran Dipati / Mataram de garwa nata / ingkang anèm mangke bobot / wus prapta samaya babar / tan limrah ing akathah / miyos lir bligo kang bungkus / sang nata emut ing driya //

tuhu yèn narendra sidik / datan kêkilapan patrap / ing bab ingêring karaton / datan liya trah Mataram / mung Giring dadya beka / nguni sang nata kasiku / dene nguni rèh kabranan //

duk kalanira nyedani / jêng Pangran Wiramanggala [Wi...]

--- 32 ---

[...ramanggala] / dèrèng kosus ing kukume / môngka wus katrapan pêjah / nuju kang garwa wawrat / babar jalu warna bagus / sarêng garwane sang nata //

babar warna tan prayogi / uga pamêlèhing Suksma / narpasru tobat mring Manon / arsa mêminta mrih samar / sinungkên mring Kajoran / kinèn angruwat sang wiku / panêmbahan langkung suka //

bayi binêkta jro panti / linintonan putranira / Pangran Wiramanggalane / sinung duta wus binakta / katur marang sang nata / langkung suka sang aprabu / sawusnya alama-lama //

diwasa sinung wêwangi / Pangran Pugêr kawarnaa / gêntya ingkang winiraos / pangêran ing Surabaya /ngingah ayam bêkisar / èstri têmah dados jalu / warananya kalangkung endah //

17. Badhe pasarean dalêm ingkang Sinuhun Hamêngku Buwana VII ing Ngayogyakarta ingkang wontên ing Imagiri (gêndhan enggal)

Guwa tilas pratapanipun Kiyai Sênthong, sapunikanipun sampun dipun urugi, awit badhe kagêm pasarean dalêm Ingkang Sinuhun Hamêngkubuwana VII ing Ngayogya, pasarean wau bagus sarta jêmbar, nanging wragadipun inggih kathah sangêt, awit saking sungil panggenanipun. Pêpancènipun [Pêpancèni...]

--- 33 ---

[...pun] waragad sadintênipun 100 rupiyah, ananging yèn dintên agêng utawi Jumungah botên kagarap. Mênggah laminipun anggarap ± pitung taun, punika dèrèng rampung babar pisan, dados waragadipun sampun têlas ± 200.000 rupiyah. Manawi kula nitik papanipun, inggih layak kemawon manawi têlasa samantên, awit ingkang munggul dipun papras, ingkang lêdhok dipun urug, ngantos wontên urug-urugan ingkang lêbêtipun 50 M. Sarta rêginipun wêdhi, banon lan bôndha sanèsipun inggih mindhak, jalaran pambêtanipun minggah ingkang marginipun rumpil, wêwah-wêwah payoning bangsal ingkang kaangge sabak (lèi). Mênggah ingkang mandhegani padamêlan wau Radèn Riya Prawirayuda, abdi dalêm wadana juru kunci. Yèn kula nitik pasang rakitipun, sanajan Radèn Riya Prawirayuda wau botên nate sêkolah, sampun anggumunakên.

18. Pasarean ing Girilaya

Pasarean ing Girilaya punika mênggah purwanipun sarta ingkang mangagêngi sumare, sampun kajarwa ing ngajêng. Nanging pasarean wau botên ngangge dalêm cungkup, kajawi namung pagêr banon kemawon. Ing ngriku ugi karêksa dêning juru kunci apangkat mantri saking Ngayogya lan Surakarta, ingkang kaêrèh

--- 34 ---

dhatêng wadana juru kunci ing Imagiri piyambak-piyambak. Ing ngriku ugi wontên masjidipun ingkang mêntas kawangun enggal.

19. Pasarean ing Banyusumurup

Pasarean ing Banyusumurup punika pêrnahipun wontên sakidul wetanipun pasarean ing Imagiri, têbihipun watawis sapal, dunungipun wontên salêngkèh-lêngkèhing rêdi. Mênggah ingkang mangagêngi sumare, kados ta: Kangjêng Ratu Mangkurat (garwanipun ingkang Sinuhun Mangkurat Kêncèt), pangeran Lamongan, Pangeran Pêkik, Radèn Ayu Dhondhong, Radèn Adipati Danurêja I (ananging namung kantun tilas kemawon, jalaran sampun dipun putêr), Radèn Rôngga Prawiradirja (inggih punika ingkang nyambêti nganggit sêrat Damarwulan, wiwit Damarwulan kabegal). Dene sadaya ingkang sumare wontên ing ngriku, punika ingkang sami dosa dhatêng panjênêngan nata, dados kadosdene pasarean mirunggan. Ing ngriku wontên pêthi tanggêl satunggal, kadèkèk wontên ing pangêrêting dalêm cungkup. Saking cariyosipun tiyang ing ngriku, pêthi wau tilas wadhah mastakanipun Radèn Rôngga Prawiradirja ingkang kasêbut ing nginggil. Ananging sarêng kula cocogakên dhatêng priyantun ingkang darah Sokawati, [Sokawa...]

--- 35 ---

[...ti,] punika sulaya, ing salêrêsipun pêthi wau tilas wadhah mustakanipun Pangeran Jayakusuma. Ingkang punika kula nyumanggakakên dhatêng para ingkang ahli babad.

Karaton kalih Ngayogya lan Surakarta ugi amaringi juru kunci piyambak-piyambak, ingkang sami kaêrèh dhatêng kawadanan ing Imagiri. Juru kunci wau sami manggèn ing dhusun ngriku, kapêrnah sakilèn sarean. Ing ngriku ugi wontên masjidipun kadosdene ing Girilaya.

Tiyang ing ngriku kathah ingkang sami dados kêmasan, sarta misuwur sagêd-sagêd lan sae dêdamêlanipun, ananging rèhning wontên tanah padhusunan lan pinggir pagêr rêdi, dados pêpajênganipun kirang majêng. Ingkang makatên wau andadosakên thukuling pakarti awon, awit lajêng saiyêg sami rêmên malsu barang-barang, têmahan lajêng misuwur namanipun ingkang awon wau. Sarêng ing Imagiri dipun wontênakên pagantosan gupêrmèn, satêmah padamêl awon wau kêrêp kabêlèk. Bokmanawi pagantosan wau dados dhoktêripun para kêmasan ing Banyusumurup, sagêdipun mêntas saking pandamêlan awon wau.

20. Dhusun ing Kajor

Sakidulipun Imagiri wontên dhusunipun nama Kajor, têbihipun [têbih...]

--- 36 ---

[...ipun] watawis tigang pal. Inggih punika tilas dalêmipun Pangeran Kajor (Panêmbahan Rama ingkang sampun kasêbut ing ngajêng). Sanajan ing ngriku sampun botên katingal tilasing dalêm, ewadene wontên titikanipun, inggih punika wontên pasareanipun garwa ing Kajoran, tunggil kalihan kuburanipun Rara Mêndut, tilas kalangênan wiragunan ingkang binedhang dening Pranacitra. Pasarean wau dumunung wontên ing sukunipun rêdi alit, ingkang dados pêpundhènipun tiyang ing ngriku. Dhusun Kajor punika agêng panjang, ngantos kaperang dados kalih, inggih punika Kajor Kilèn lan Wetan, pasitènipun sae sangêt, awit katiga rêndhêng kenging dipun sabin, toya botên kêkirangan, bokmanawi punika ingkang dipun wastani banyu tumumpang.

Ing dhusun ngriku wontên sumbêripun satunggal, ingkang dipun pêpêtri sangêt dhatêng tiyang ngriku. Tiyang ing ngriku sami rêmên sangêt dhatêng tayuban, malah manawi rêrêsik dhusun, mawi wilujêngan wontên ing pinggir sêndhang, punapa malih tayuban.

21. Guwa ing Cêrmin

Guwa ing Cêrmin punika kapêrnah ing sakidulipun dhusun ing Kajor, têbihipun watawis 1½ pal, dumunung wontên tawingipun [tawing...]

--- 37 ---

[...ipun] rêdi. Cangkêming guwa majêng mangalèr, wiyaripun watawis 4 mètêr lan inggilipun 2 mètêr, ing lêbêt kadosdene lurung ingkang panjangipun pintên mètêr lumêbêt wontên sangandhaping parêdèn ing apdhèling Gunungkidul. Malah saking cariyosipun tiyang ing ngriku panjangipun guwa wau tanpa watês, jalaran sambên-sumambêtsambêt-sumambêt. margi toya (lèpèn) ingkang lampahipun kaalang-alangan pasitèn ing apdhèling Gunungkidul. Cangkêmipun guwa wau wontên arêng bêsêman sela (mênyan) ingkang munthuk-muthuk kados tumpêng, amracihnani manawi kathah tiyang ingkang dhatêng ing ngriku. Saking cariyosipun ingkang kawajiban nêngga (juru kunci) tiyang ingkang dhatêng mila kathah, sarta botên ngêmungakên tiyang ing Ngayogya kemawon, sanajan tiyang mônca inggih kathah, nanging botên wontên ingkang sami sipêng, jalaran ajrih pêpacakipun nagari. Ingkang sami sajarah wau têrkadhang wontên ingkang lumêbêt nurut ilining toya ing guwa, namung sadumuginipun utawi sawantunipun kemawon, ananging kêdah ambêkta kanthi tiyang pribumi, sarta mawi ambêkta obor kathah,

--- 38 ---

awit ing lêbêt pêtêng sangêt, sarta botên nate kenging sorot surya. Kula nalika mriku katantun dening juru kunci, lumêbêt punapa botên, ananging kula botên purun, jalaran saking ajrih, awit saking pamanggih kula, hawa ing ngriku punika rèhning botên nate kenging soroting surya, dados kirang prayogi, punapa malih kula ajrih bokmanawi kathah sawêripun. Ewasamantên saking cariyosipun tiyang ing ngriku, dèrèng nate wontên tiyang sajarah lajêng kêtiwasan.

Cangkêmipun guwa wau ingkang sisih kilèn wontên banonipun pitung iji. Banon wau agêng-agêng sarta panjang, bokmanawi damêlanipun tiyang kina, awit ing jaman sapunika botên wontên banon ingkang samantên agêngipun. Mênggah warninipun jêne ênèm, kadosdene banon wêdalan sapunika ingkang pambêsminipun taksih mêntah. Kula lajêng mêndhêt satunggal, pêrlu kula urêk-urêk ngangge pèmès, damêl aksara latin nama kula, ananging kawuningana jêbul banon wau atos sangêt ngantos pèmès punika risak. Namung ingkang dados gumuning manah kula, punika sarèhning wontên ing ngriku wau panggenan ingkang nylao, têka andadak wontên banonipun. Malah gotèkipun ngakathah, nalika Pangeran Dipanagara badhe lolos, mawi tindak mriku

--- 39 ---

têrus dhatêng ing guwa Langse.(mriksanana babad Dipanagara).

Sawetanipun cakêt wontên guwanipun alit, ingkang dipun wastani guwa Kaum. Kaoling ujar, pundi ingkang kêpengin enggal sagêd ngaos (ngaji Arab) kêdah sujarah mriku. Sakilènipun wontên guwa malih ingkang dipun wastani guwa Tlèdhêk, pundi tiyang ingkang kêpengin dados ringgit talèdhèk ingkang sae utawi dados niyaga, inggih kathah ingkang mriku. Dados kadosdene sêndhang Badhaya kalihan sêndhang Badhut ing bawah Têmanggung.

Prakawis wau, saking pamanggih kula, botên kok saking sawabipun guwa utawi sêndhang, ananging namung saking antêbing manahipun kemawon. Dados gugon tuhon wau, namung kangge ngantêbakên antêbing manah. Gêlar yaktinipun, sanajan sujaraha dhatêng Jabalkat pisan, nanging yèn manahipun majêng mundur, inggih botên dados, makatên ugi kosokwangsulipun.

22. Pasanggrahan Parangtritis

Parangtritis punika namaning pasanggrahan, ingkang dumunung ing pinggir pasisir kidul bawah nagari Ngayogyakarta. Pêrnahipun saking [sa...]

--- 40 ---

[...king] nagari kidul sêmu ngetan, têbihipun watawis 3 1/2 pos. Pêrlunipun kangge sudhiyan para luhur utawi para tuwan-tuwan Walandi, ingkang sami lêlangên mriksani sagantên, mila ing ngriku ngantos dipun dêgi griya pasanggrahan, jalaran saking kêrêpipun karawuhan tamu, ugi saking liyan praja, ngantos wontên tuwan Walandi ing kabudidayan plèrèt, ngêdêgakên toko wiwit tanggal 1 Januwari 1914, kilap sapunikanipun.

Ing ngriku wontên tukipun bêning anyarong ingkang mili saking pakêmpalan tetesanipun êtuk, ingkang dumunung wontên tawinging rêdi. Tuk wau dipun talangi lajêng anjog dhatêng kulah.

Ing pasanggrahan ngriku punika nyênêngakên manah sangêt, awit sagêd ningali sagantên agêng, ingkang alunipun agêng-agêng anêmpuh parang, tuwin malampah-malampah wontên ing gisik, ngiras pantês ningali jingking, undur-undur, ècèng lan tiyang-tiyang ingkang pados ulam ing sagantên. Mila ing ngriku tamu tansah kesah dhatêng, saya malih manawi ing dintên sae, kados ta: malêm salikur wulan Siyam, Jumungah Kliwon, Anggara Kasih lan sanès-sanèsipun, ing ngriku kêbak tiyang sami nyênêngakên manahipun.

23. Pasanggrahan Parangwedang

Sakilènipun Parangtritis cakêt, wontên pasanggrahan malih ingkang dipun wastani Parangwêdang, ing ngriku wontên tukipun umbul ingkang toyanipun bêntèr, raosipun asin, lêtêng sarta pait, sampun jiblès kados tuk umbul ing Krakal, bawah apdhèling Kêbumèn. Miturut cariyosipun tiyang sagêd ing ilmu pamisah, ingkang kawahya ing sêrat kabar: Rêtna Dumilah, umbul bêntèr ing Parangwedang punika kacampuran saking sarining pêpelikan wolung warni, manawi ing Krakal sadasa warni. Sarèhning toya wau kenging kangge jampi sawarnining sêsakit, mila lajêng dipun yasani sênthong-sênthongan sarta kulah, kangge tiyang-tiyang ingkang sami tirah sakit.

Dados saya têtela manawi ing ngriku punika panggenan ingkang nyênêngakên sangêt, awit panggenan-panggenan patirahan, kaplêsiran ugi sajarahan.

Salêbêtipun taun 1917 Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan X sakalihan garwa dalêm Kangjêng Ratu Mas, têdhak ing ngriku, malah ngantos siram wontên ing sagantên.

24. Patilasanipun Sèh Maolana Magribi

Salèr kilènipun pasanggrahan Parangwedang, wontên patilasanipun [pa...]

--- 42 ---

[...tilasanipun] Sèh Maolana Magribi, dumunung wontên ing sapucaking rêdi alit. Tiyang ngriku amastani pasareanipun Sèh Maolana Magribi, dene patilasan wau kaentha kados pasarean (kuburan), ing ngriku wontên juru kuncinipun. Tiyang-tiyang ingkang dhatêng pasisir kathah ingkang marlokakên sajarah mriku, malah wontên ingkang nyadran. Tiyang ing sakiwa têngên ngriku sami mundhi-mundhi sangêt.

25. Pasareanipun Sèh Bêlabêlu kalihan Sèh Gagangaking

Sakilènipun cakêt kalihan patilasanipun Sèh Maolana Magribi, wontên pasareanipun Sèh Bêlabêlu kalihan Sèh Gagangaking, ugi dumunung wontên sapucaking rêdi alit. Mênggah kawontênanipun ugi botên sewah kalihan patilasanipun Sèh Maolana Magribi.

Kula pitakèn kadospundi mulabukanipun patilasan wau. Saking cariyosipun tiyang ngriku, botên patosa têrang. Wontên ingkang nêrangakên: wontên tiyang kêkalih mratapa, wusananipun ngantos dumugi tilar wontên ing ngriku. Wontên malih ingkang cariyos, manawi punika namung patilasan, nalikanipun Sèh Siti Jênar bantah ngèlmi (nyoba) dhatêng gurunipun, inggih punika Sunan Bonang.

--- 43 ---

Wontên malih kaoling sêrat, manawi punika putra ing Majapahit pungkasan, larahipun makatên:

Nalika jaman Majapahit pungkasan, sarêng nagari sampun bêdhah, putra Majapahit ingkang sami botên têluk dhatêng agami Islam, bibar ngungsi dhatêng sanès nagari utawi sapurug-purug, wontên ingkang dhatêng Bali, Madura, Surabaya, Banyumas, lan sanès-sanèsipun. Lajêng putra ingkang ôngka 32 nama Arya Dhandhun, kalihan ingkang ôngka 33 nama Arya Dhandhêr sagarwa putra, kadharang-dharang dumugi ing ngriku (pasisir), kênthêling karsa namung badhe amartapa, sarta sami asêsilih, ingkang sêpuh nama Sèh Bêlabêlu, ingkang nèm nama Sèh Gagangaking. Mênggah anggèngipun mrêtapa makatên: ingkang sêpuh wau rintên dalu namung bêthak (ngliwêt) sarta botên sare-sare. Dene ingkang nèm botên nate dhahar punapa-punapa, ananging sare kemawon. Ing wasananipun kalih-kalihipun dados mukminkas. Mênggah garwaputra sami dhêdhukuh wontên sakilènipun pasarean, ing sapunikanipun nama dhusun Grogol. Dados yèn makatên kadosdene arga baringin, arya warga utama ing Wirasaba, bawah ing Banyumas.

Ingkang punika lêrês lêpat, kula namung nyumanggakakên dhatêng para ingkang ahli sarasilah.

Tiyang sauruting ngriku panggaotanipun sami ngupados ulam [u...]

--- 44 ---

[...lam] sagantên, malah ingkang suwau panggaotanipun ingkang agêng damêl sarêm tampêr, ananging sarêng taun 1915 tiyang wau kaawisan damêl sarêm sarta dipun pènsiyun manut undha-usuking pamêdalipun sarêm piyambak-piyambak. Dene ing Ngayogya lajêng dipun sadèni sarêm brikêt dening kangjêng gupêrmèn. Dados wiwit punika sirnaning sarêm tampêr ing Ngayogya.

26. Guwa Langse

Guwa langse punika sawetanipun Parangtritis, têbihipun kadugi 2 pal, dumunung sapinggiring sagantên. Guwa wau misuwur yèn ing kinanipun kêrêp karawuhan para wali, lêluhur sarta tiyang saking pundi-pundi, katôndha ing ngriku kathah tapak asta (tèkên) ingkang kasêrat wontên ing balabag, sarana kagarit ngangge pènmès. Marginipun wontên warni kalih, ingkang satunggal mêdal ing nginggil (dharat), ingkang satunggal mêdal ing sagantên (nyabrang). Nanging tiyang ingkang sami mriku kathah ingkang milih mêdal ing sagantên, awit mêdal ing nginggil (dharat) punika marginipun rumpil sangêt, punapa malih mutawatosi. Wondene mêdal ing sagantên punika, ugi kathah mutawatosipun, awit [a...]

--- 45 ---

[...wit] saupami sawêg nêngah-nêngahi nyabrang, maniwamanawi. lajêng katungkêb ing alun ingkang badhe nêmpuh parang, inggih sagêd tiwas.

Manawi badhe mriku kêdah kanthi tiyang bumi, ingkang sampun pana dhatêng agêng alitipun toya sagantên, sarta sagêd angèn dhatêng kesahipun alun. Mênggah marginipun saking Parangtritis mangetan waradin, sarêng dumugi ing Parang Endhog lajêng minggah urut sapinggiring sagantên. Ing ngriku ngambah parêdèn ingkang awujud sela-sela curi (rumpil). Sarêng dumugi ing pantog, inggih punika parangcuri ingkang wiyaripun ± 6 mètêr, ing ngriku tansah tinêmpuh ing alun, dados manawi badhe langkung kêdah ngêntosi robipun alun. Manawi tiyang dèrèng sumêrêp dhatêng tangguhipun alun, têmtu badhe katêmpuh ing alun. Mênggah sagêdipun ngetangi punika mêndhêt saking punapa, kula kirang têrang. Yèn sampun sagêd anglangkungi ngriku, têrus mangetan ngèncèng mangidul sakêdhik, lajêng nêkuk minggah ing rêdi curi sarana rambatan cêpêngan bondhot-bondhotan, lajêng wontên sela agêng ingkang têngahipun bolong (ngumplêng), inggih kêdah mêdal ing ngriku. Sasampunipun mêdal ing ngriku, sela gèthèk punika ingkang suwau awujud kajêng jatos, tilas agêmipun Sèh Maolana Magribi. Mila dipun wastani sela gèthèk, awit wangunipun [wangu...]

--- 46 ---

[...nipun] mila kados gèthèk. Mênggah cariyos wau: walahualam. Nanging saking pamanggih kula, prakawis wau namung thukul saking pangothak-athik kemawon, jêr watêkipun bôngsa kula Jawi, rêmên sarta sagêd ngothak-athik basa, ingkang sarana saking sunduk prayogi. Lampahipun lajêng mêdhak dhatêng sapinggiring sagantên, nglangkungi sela agêng jèjèr kalih, ingkang longkangipun sajangkah. Sela wau curi-curi lincip, lajêng mêdhak dumugi sangajêngipun guwa langse. Mênggah cangkêming guwa majêng ngidul ngilèn, inggilipun cangkêming guwa ing têngah ± 2 mètêr, pinggir kiwa têngên inggilipun 1/2 mètêr, wiyaripun 10 mètêr. Ing têngah-têngah taksih wontên têbêng gêgawangipun sarta inêbing kori, nanging sampun pisah gumlèthèk, sadaya wau ingkang dipun damêl kajêng jatos. Kula pitakèn dhatêng tiyang ing ngriku, sintên ingkang ngyasani korining guwa ingkang sakalangkung kiwa lan elok panggenanipun punika. Tiyang-tiyang ing ngriku botên wontên ingkang têrang, wiwit saking êmbah-êmbahipun, inggih sampun maujud makatên (mustail). Mênggah blabag wau sampun kêbak ciri asmanipun para ingkang sampun sami sajarah mriku. Saking cangkêming guwa mêdhak mangandhap ing pinggiripun sagantên, inggilipun ± 20 mètêr. Salêbêting guwa wontên sumbêripun ingkang toyanipun tawa (botên asin) tur panggonanipun cakêt sagantên. Toya wau bêning

--- 47 ---

anyarong, ingkang lêbêtipun ± 10 mètêr. Sanginggilipun sumbêr wau warni jêne sap-sapan, kados tinata ginubah-gubah, asri sangêt tiningalan. Mênggah saking pandugi kula, punika bangsaning tai iyèng. Ing ngriku wontên undhak-undhakanipun minggah katingal longopaning guwa alit, ingkang wiyaripun ± ½ mètêr, wiyaripun 1 mètêr. Sela wau saking cariyosipun tiyang ing ngriku, tilas agêm pasareanipun Sèh Maolana Magribi, (walahualam). Salêbêtipun guwa pêtêngipun anglangkungi, mila manawi badhe lumêbêt, kêdah ambêkta obor.

TamatHlm. 48 kosong.

--- 49 ---

II. Jumênêngipun Cungkup ing Pasarean Kutha Gêdhe

Amratelakakên asmanipun ingkang sami sumare ing pasarean Kutha Gêdhe, tuwin titi môngsa anggènipun anjumênêngakên cungkup, lan malih anêrangakên patilasan-patilasan ing sakiwa têngênipun ngriku.

Anggitanipun Radèn Ngabèi Jayèng Pranata

Abdi dalêm Mantri Carik ing Pakualaman Ngayogyakarta.

--- 50 ---

Radèn mas anu: apa kowe sumurup patilasan kang ana ing Kutha Gêdhe.

Juru kunci: inggih sumêrêp.

Radèn mas anu: mara aranana siji-sijine, lan ing ngêndi pêrnahe.

Juru kunci: 1. Pasarean astana ing Kitha Agêng. 2. Wringin Sêpuh. 3. Sumbêr Kumuning. 4. Sêliran. 5. Sela Gilang akalihan sela Canthèng.

1. Pasarean astana punika kadugi wiyaripun ... mètêr pasagi, mawi kabanon mubêng tanpa lepan, namung kaabên gosok. Inggiling capuri kadugi wontên 3½ mètêr, mawi kontên gapura, pêrnahipun wontên kidul wetan. Inêpipun mawi kaukir ingkang pèni panggarapipun.

2. Wringin Sêpuh pêrnahipun wontên sakilèning bangsal pasowanan ing Kitha Agêng, ingkang sisih kidul, ing gledhegan wetan ingkang Jawi.

3. Sumbêr Kumuning sakilènipun Capuri pasarean.

4. Sêliran punika wujud balumbang ingkang kabanon mubêng. Inggiling pagêr banon satunggal mètêr. Ing sisih kidul mawi bêdhahan kangge siram, utawi kangge angilèkakên toya. [to...]

--- 51 ---

[...ya.] Ing nginggil mawi dipun dèkèki griya payon sirap. Sêliran wau wontên kalih panggenan, pancèn papaning tiyang jalêr, utawi papaning tiyang èstri. Pêrnahipun sami wontên sakidulipun pasarean.

5. Sela Gilang akalihan Sela Canthèng, kidul wetanipun waringin sêpuh.

Radèn mas anu: kapriye mungguh caritane, ananing patilasan mau.

Juru kunci: mênggah cêcriyosan saking bapa kaki kula makatên: pasarean ing Kitha Agêng punika ingkang sumare para lêluhur dalêm ratu Jawi ing Surakarta akalihan ing Ngayogyakarta. Mila manawi wontên risakipun, ingkang andandosi inggih ratu kêkalih wau.

Wringin sêpuh punika tuwuhipun sampun nalika sadèrèngipun kitha Matawis dipun iyasani. Manawi sêmpal asring dados ngalamat: Badhe wontên para agêng ing tanah Jawi ingkang seda.

Radèn mas anu: mangkono mau apa wis tamtu.

Juru kunci: ingkang sampun kalampahan inggih makatên, ananging inggih asring wontên para agêng seda, wringin sêpuh wau botên sêmpal pangipun. Makatên malih kleyangipun [kleyangi...]

--- 52 ---

[...pun] lumah kurêp ngalih jodho asring kangge sarananing kêkesahan, supados manggih wilujêng.

Sumbêr Kumuning punika wujud balumbang, wiyaripun kadugi kalih mètêr, panjangipun tigang mètêr. Pinggiripun mawi plisir banon ingkang toyanipun angaclapi sarta sagêd mili. Mawi thèdhèng pagêr banon, ananging botên mawi griya, ing ngajêng kacriyosakên padusaning para widadari, wontênipun inggih sadèrèngipun wontên kraton Matawis.

Sêliran punika ingkang yasa Kangjêng Susuhunan Lèpèn, inggih punika wali, pandamêlipun nalika angyasani karaton Matawis, jaman panjênênganipun Panêmbahan Senapati. Kangjêng Susuhunan Lèpèn wau mêntas tindak lajêng kampir, aparing priksa dhatêng Kangjêng Panêmbahan Senapati, prayoganing watês pagêr capurining kraton, mawi angasta lantingan, kakêrsakakên nurut êthuring toya. Ing sasampunipun, kangjêng susuhunan wau sariranipun karaos sumuk, lajêng angêcis siti mêdal toyanipun, kagêm sarira (awak-awak) sarta tuk wau lajêng kaparingan nama sêliran, lêstantun dumugi sapriki, kangge pamidhanganing sadhengah tiyang, ingkang sami nadar awit waluya anggènipun sakit, utawi kadumugèn sêdyanipun, lajêng adus ing sêliran wau, toyanipun kaunjuk dados wiyana.

--- 53 ---

Gilang punika wujud sela itêm, ingkang panjangipun kadugi kalih tengah mètêr, wiyar samètêr, inggilipun satêngah mètêr, wangun ambanon. Cacriyosanipun, punika tilas palênggahan dalêm Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Ngalaga, ingkang amurwani yasa kraton Matawis.

Sela Canthèng punika wujud sela pêthak, ingkang bundêr agêng alit, cacahipun sakawan iji. Ingkang alit piyambak agêngipun sa-jêram gulung, ingkang kapara agêng. Cacriyosanipun, punika tilas amêng-amênganipun Radèn Rôngga, putranipun Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Ngalaga ingkang sampun kasêbut ing ngajêng. Mawi kapagêran gêbyog rujèn, ing nginggil kapayu sirap.

Radèn mas anu: Dadine karaton Mataram mau dhèk taun apa, sarta sabanjure dadining pasarean.

Juru kunci: mênggah dadosipun karaton Matawis wau, miturut pemutan ingkang tumrap ing banon kêlir regol masjid ing Kitha Agêng, regol ingkang mangidul, adêg-adêg sapisan tumrap ing kêlir ingkang sisih wetan, sastra Jawi, punika nalika taun Jimawal 1509. Dadosipun pasarean nalika taun 1528. Kadandosan amargi risak dening lindhu, taun Ehe 1796 utawi ing taun Walandi 1867.

--- 54 ---

Radèn mas anu: mungguh ananing cungkup ing Kutha Gêdhe kang dadi pêpundhèn dalêm ratu Jawa, cacahe pira, lan kang êndi kang dadi bageyane ratu ing Surakarta lan ing Ngayogyakarta.

Juru kunci: cacahipun cungkup agêng tiga, ingkang lèr piyambak namanipun tajug, kidulipun nama witana, punika bageyan ing Ngayogyakarta. Kidulipun malih nama prabayasa, agêngipun ngungkuli cungkup kêkalih ingkang kasêbut ing ngajêng, punika bageyan ing Surakarta. Makatên malih tambahan ing èmpèring prabayasa ingkang sisih kilèn, wontên ingkang dados bageyan ing Ngayogya.

Radèn mas anu: apa kowe sumurup lêluhur dalêm kang padha sumare ana ing dalêm cungkup têtêlu mau.

Juru kunci: inggih sumêrêp, mênggah ingkang panjênêngan sampeyan dongakakên punika punapa sadaya mawi kula wijang asmanipun, punapa cacahipun kemawon.

Radèn mas anu: kang sumare ing tajug lan witana sarèhning mung sathithik, wijang-wijangên asmane, dene kang ana prabasa,prabayasa. sarèhning akèh mung sumurupna cacahe bae.

Juru kunci: Ingkang sumare ing tajug cacahipun tiga, urutipun saking kilèn mangetan:

1. Kangjêng Nyai Agêng Ênis.

2. Pangeran Jayaprana.

--- 55 ---

3. Kangjêng Kyai Dhatuk Palembang.

Ingkang sumare ing pringgitan, (witana) ugi urut saking kilèn mangetan:

1. Kyai Agêng Mataram

2. Nyai Agêng Mataram

3. Nyai Agêng Pathi

4. Kyai Agêng Juru Martani. Ngandhapipun:

5. Kangjêng Ratu Rêtna Jumilah

6. Kangjêng Ratu Kalinyamat

7. Kangjêng Panêmbahan Senapati

8. Pangeran Tumênggung Gagak Baning

9. Pangeran Mangkubumi

10. Pangeran Sukawati

11. Pangeran Martasana

12. Pangeran Singasari

13. Pangeran Mangkunagara

14. Pangeran Têpasônta

15. Kyai Tumênggung Mayang

Ingkang sumare ing prabayasa cacahipun 64 wondene ingkang kapetang agêng:

1. Ingkang Sinuhun Sedakrapyak

2. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping II.

--- 56 ---

3. Kangjêng Ratu Sultan

4. Kangjêng Ratu Mas Tinumpuk

5. Kangjêng Ratu Maspathi

6. Kangjêng Ratu Sasi

7. Kangjêng Panêmbahan Mangkurat

8. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam ingkang I.

Radèn mas anu: mungguh pasareane Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam kaping II sarta ing sapiturute kang jumênêng ing Pakualaman, iku pasareane ana ing ngêndi.

Juru Kunci: manawi pasareanipun Kangjêng Gusti Pakualam kaping kalih, kaping tiga, utawi ingkang kaping sakawan, ugi andhèrèk andêdagan wontên ing pasarean Kitha Agêng mawi cungkup wontên sawetanipun prabayasa, dene Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Pakualam kaping gangsal, utawi ingkang kaping nêm, sumare wontên ing astana Girigônda, inggih punika wontên tanah Kilènpragi bawah Pakualaman.

Radèn mas anu: apa kowe sumurup titi mangsane nalika jumênênging tajug, witana lan prabayasa.

Juru kunci: inggih sumêrêp. Ananging jumênênging tajug, witana, punika botên sarêng kalihan jumênênging prabayasa.

Radèn mas anu: jumênêng dhèk taun apa, lan kapriye laku-lakune.

--- 57 ---

Juru kunci: Jumênêngipun tajug kalihan witana, punika salêbêbêtipun taun Be ôngka 1832 utawi taun Walandi 1902.

Wondene lampah-lampahipun, èngêt-èngêtan makatên: dintên jumênêngipun, abdi dalêm mêthakan sami kakarsakakên tahlilan wontên ing pasarean. Enjingipun Kangjêng Radèn Adipati Danurêja sakalèrèhanipun sami sowan dhatêng Kitha Agêng, pangangge agêng, lajêng anjumênêngakên tajug kalihan witana wau, kajênêngan dening Kanjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkubumi, akalihan para pangeran sanèsipun.

Radèn mas anu: Jumênênge prabayasa dhèk taun apa, kapriye laku-lakune.

Juru kunci: Jumênêngipun nalika ing dintên Jumungah Paing tanggal kaping 14 Rabingulakir, Wawu 1833 utawi kaping 10 Juli 1903.

Sadèrènge dintên jumênêngipun, barang kajêng-kajêng dandosan saking prabayasa wau kabêkta sêpur saking Surakarta, lajêng kajujugakên wontên palataran pasêntulan Kitha Agêng. Wondene dandosan wau, mila sampun kagarap rampung wontên ing Surakarta. Dhatêngipun ing Ngayogyakarta sampun kantun angêtrapakên kemawon. Sarêng malêm Jumungah Paing ingkang sampun kasêbut ngajêng, para abdi dalêm pamêthakan sami kakarsakakên tahlilan wontên ing pasarean. Enjingipun [Enjingipu...]

--- 58 ---

[...n] jam 8 Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningat, pêpatih dalêm ing Surakarta, kalihan Kangjêng Pangêran Angabèi, sarta pangeran sanèsipun sami rawuh, kadhèrèkakên para priyayi abdi dalêm ing Surakarta, sami kapalan sadaya, pangangge prajuritan. Wontên ing sêpur kapêthuk dening pangeran putra dalêm tiga, bupati nayaka ing Ngayogyakarta satunggal, sarta bupati pulisi kanthi kalerehanipun ing sawatawis, sami andhèrèkakên dumugi ing Kitha Agêng, dumuginipun bangsal pasêntulan ing Kitha Agêng kapêthukakên dening Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta, kalihan para pangeran ing sawatawis. Kangjêng Radèn Adipati ing Surakarta lajêng lênggah ing bangsal pasêntulan ingkang lèr, Kangjêng Radèn Adipati ing Ngayogyakarta lênggah bangsal pasêntulan ingkang kidul, sawatawis Kangjêng Radèn Adipati kêkalih lajêng jumênêng kanthèn asta. Anjumênêngakên sakaguru ingkang lè kilèn, bakdanipun lajêng lênggah bangsal pasêtulan malih, kaladosan dhahar wedang, sawatawis lajêng lênggah dhahar wontên ing surambi, lumèbèr dumugi ing plataran masjid, mawi dipun tarubi, sawatawis Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, sarta para pangeran ing Surakarta lajêng kondur.

--- 59 ---

Radèn mas anu: Mungguh wêwangunaning cungkup mau kapriye, kang angundhagèni sapa.

Juru kunci: Manawi ing bageyan Ngayogyakarta, wêwangunanipun sae sarta pasaja, ingkang angundhagèni panggarapipun Radèn Tumênggung Mangunkusuma. Ingkang bageyan Surakarta, sarwa santosa, sarta sakanipun mawi kaukir ingkang sarwa adi garapanipun, ingkang angundhagèni Radèn Tumênggung Wrêksadiningrat.

Radèn mas anu: sapa kang kagungan karsa amulyakake dalêm cungkup kang padha kasêbut mau.

Juru kunci: Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sadasa ing Surakarta, utawi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Kaliphatolah ingkang kaping pitu, ing Ngayogyakarta.

Radèn mas anu: Sapa kang kagungan karsa amulyakake dalêm cungkup ing Kutha Gêdhe bageyan Pakualaman.

Juru kunci: Ingkang kagungan karsa amulyakakên, Kangjêng Pangeran Arya Sasraningrat, ingkang kabêbahan anindakakên panguwasa paprentahan ing Pakualaman. Wondene mênggah jumênênging cungkup wontên ing taun Be ôngka 1832 utawi [u...]

--- 60 ---

[...tawi] taun Walandi ôngka 1903, sarta sêkaran sela agêmanipun para agêng ing Pakualaman, mawi karêngga ukir-ukiran, ingkang pèni panggarapipun, ingkang angundhagèni Radèn Mas Panji Gônda Atmaja, makatên malih angyasani dalêm cungkup wau amarêngi dintên Ngahat Kaliwon tanggal kaping 8 Jumadilawal Wawu 1833, utawi kaping 2 Agustus 1903.

Wondene ingkang angyasani sêkaran dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam kaping V utawi kaping VI punika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, ingkang jumênêng kaping VII, mawi sela marmêr garapan bôngsa Eropah, inggih pèni panggarapipun.

Manawi sampun botên wontên pandangon panjênêngan sampeyan malih, kula kalilana mundur.

Radèn mas anu: Iya wis taklilani.

Tamat

Isinipun Sêrat Punika I Kaca

I. Sêrat Babad Alit ... 1

1. Walèh ... 2

2. Pêrnah ... 5

3. Dunungipun pasarean ... 6

4. Pamêdal ... 7

5. Lèpèn Opak ... 9

6. Abdi dalêm juru kunci ... 11

7. Tatacara ... 13

8. Taksih salêbêtipun bab tatacara ... 15

a. Manawi wontên layon ... 15

b. Tiyang pribumi ing Imagiri ... 17

9. Kapulisèn ... 19

10. Ingkang amurwani yasa pasarean Imagiri ... 20

11. Pasanggrahan ing Imagiri ... 22

12. Jamanipun karaton ing Karta, Mataram ... 24

13. Cariyos ingkang pêrlu-pêrlu taksih salêbêtipun karaton ing Karta, Mataram ... 25

14. Wêwalêr ... 27

15. Siti mluwa ... 28

16. Babaripun Kiyai Agêng Sênthong (Wanatara) ... 30

17. Badhe pasarean dalêm ingkang Sinuhun Hamêngkubuwana VII ing Ngayogyakarta ingkang wontên ing Imagiri (gênthan enggal) ... 32

18. Pasarean ing Girilaya ... 33

19. Pasarean ing Banyusumurup ... 34

20. Dhusun ing Kajor ... 35

21. Guwa ing Cêrmin ... 36

22. Pasanggrahan Parangtritis ... 39

23. Pasanggrahan Parangwedang ... 41

24. Patilasanipun Sèh Maolana Magribi ... 41

25. Pasareanipun Sèh Bêlabêlu kalihan Sèh Gagangaking ... 42

26. Guwa Langse ... 44

II. Jumênêngipun Cungkup ing Pasarean Kutha Gêdhe ... 49