Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Panambangan, Pakêmpalan Mangkunagaran, 1918, #1534 (Hlm. 153-213)

Katalog:Babad Panambangan, Pakêmpalan Mangkunagaran, 1918, #1534
Sambung:
1.Babad Panambangan, Pakêmpalan Mangkunagaran, 1918, #1534 (Hlm. 001-075). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad #222.
2.Babad Panambangan, Pakêmpalan Mangkunagaran, 1918, #1534 (Hlm. 076-152). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad #779.
3.Babad Panambangan, Pakêmpalan Mangkunagaran, 1918, #1534 (Hlm. 153-213). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad #780.

--- 153 ---

Kacariyos, Kangjêng Sultan ing Kabanaran, sawêg nuju siniwaka para bopati kasaru dhatêngipun Adipati Suryanagara kalihan Tumênggung Sindusêtra saking ing Samarang, lajêng marêk ngarsanipun kangjêng sultan, angaturakên saliring dinuta, saha ngaturakên sêrat wangsulan saking Tuwan Sèh Ibrahim, ugi sampun katampèn, punika ing sasuraosipun sampun kacakup sadaya, tumuntên kangjêng sultan andangu dhatêng Adipati Suryanagara: Kapriye iki dhawuhe bapa Kangjêng Sèh Ibrahim, aku dipurih marèni gonku mangun yuda. Adipati Suryanagara matur: Gusti mila inggih makatên karsanipun rama paduka Kangjêng Sèh Ibrahim, mênggah pangandikanipun dhatêng kula makatên: Suryanagara sira matura mring anak prabu, samêngko yèn kêna, wêkasku anak prabu aja kongsi amangun yuda manèh, sanadyan katêkan mungsuh prayoga kaênêngna bae, aja nganti linawanan, dene karampungane prakara iki nyarantèkna satêkaku saka ing Batawi, sêdhêng aku wis olèh katrangan saka tuwan guprênur anggonku anjalukake saparone karaton tanah Jawa, mulane anak prabu aja sumêlang panggalihe, amung mêmujia kasidaning laku bae. Sarêng sampun têlas piwêlingipun ingkang rama dhatêng kula makatên wau, kula lajêng kalilan mantuk kanthi kaparingan sêrat punika, salajêngipun ingkang rama Sèh Ibrahim nuntên bidhal tindak dhatêng ing Batawi.

Rikala samantên sawêg nêdhêngipun angandika, kasaru gègèring jawi, alok bilih wontên mêngsah andhatêngi, inggih punika barisanipun Pangeran Adipati Mangkunagara, sanalika kangjêng sultan sumêdya amêthukakên, ananging lajêng kèngêtan piwêlingipun ingkang rama Kangjêng Sèh Ibrahim, mila botên saèstu, amung dhêdhawuh sawontêning wadyabala sami kadhawuhan mrênca dados sakawan golongan.

--- 154 ---

Sagolongan, pangagêngipun, 1. Pangeran Adipati Anom, 2. Pangeran Angabèi kanthi Rôngga Wirasêtika, manggèn ing gunung gamping.

Sagolongan, pangagêngipun Adipati Suryanagara manggèn ing Garobogan.

Sagolongan, ingkang mangagêngi kangjêng sultan piyambak, manggèn wontên ing Mataram, ngiras anjampangi barisan Kumpêni, badhe angnyêktosakên katêmênanipun tuwan dêlèr ing Samarang anggèning sampun sanggêm badhe bantu.

Gêntos kacariyos, kangjêng tuwan guprênur ing Batawi, arêmbagan kalihan para rad Kumpêni. Sarèhning pêpêrangan ing tanah Jawi dumugi samangke dèrèng wontên wusananipun, amila saking karsanipun tuwan guprênur sumêdya nyuwun lilah dhatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, badhe anjumênêngakên sultan dhatêng Pangeran Adipati Mangkubumi wontên ing Ngayogyakarta, tuwin nyuwunakên lênggah siti sapalihipun nagari Jawi, mênggah karsanipun guprênur wau para rad ugi sampun anyondhongi sarta sampun kalampahan, Ingkang Sinuhun ing Surakarta ugi sampun amarêngakên, janji paprangan punika lajêng sagêd kèndêl, sarta murih têntrêmipun para kawula tiyang alit, amung Pangeran Mangkubumi sarèhning sampun rambah-rambah katantun badhe kajumênêngakên sultan sarta kaparingan lênggah siti sapalihing nagari Jawi dèrèng kadugi anglampahi, amargi taksih sujana dhatêng Kumpêni, mila saking budidayanipun Kumpêni lajêng ngêrsaya dhatêng sarib bêsar Sèh Ibrahim, inggih punika utusanipun Kangjêng Sultan ing Ngêrum ingkang sampun kasêbut ing ngajêng supados angêngimur dhatêng panggalihipun dhatêng Pangeran Mangkubumi, sagêda miturut sapangrèhing Kumpêni, dene [de...]

--- 155 ---

[...ne] anggènipun Kumpêni ngêrsaya dhatêng sarib bêsar wau, amargi Pangeran Mangkubumi ing wêkdal punika sawêg kêncêng anglampahi sarakipun kangjêng rasul, mituhu dhatêng agami Islam, katôndha bilih mirêng cariyosipun bôngsa sayid, utawi ingkang alim dhatêng sarak, panggalihipun lajêng pitados.

Enggaling cariyos, kala samantên tindakipun sarib bêsar sampun dumugi ing Batawi, lajêng sowan dhatêng tuwan guprênur, sasampunipun pinanggih lajêng ngaturakên rekadayanipun Kumpêni, samangke kados badhe kasêmbadan, awit pangimuripun Sèh Ibrahim dhatêng Pangeran Mangkubumi sampun miturut, amung mundhut prajanji jumênêngipun sultan sagêda kados ingkang eyang suwargi Sinuhun Pakubuwana ingkang sapisan ing Kartasura. Sarib bêsar inggih sampun nyanggêmi, sarta badhe kaaturakên dhatêng tuwan guprênur. Tuwan guprênur sarêng mirêng aturipun sarib bêsar kalangkung suka, dhawuhipun: Iya baik.

Kawuwusa, sasampunipun makatên, tuwan guprênur lajêng matah dhatêng Tuwan Dêlèr Hèting, tuwin tuwan petor kanthi wadya drahgundêr 400 têtindhihipun Tuwan Mayor Sêkèbêr, pêrlu kakanthèkakên sèh sarib bêsar dhatêng Ngayogyakarta, anggènipun badhe anjumênêngakên Kangjêng Sultan Pangeran Mangkubumi wontên ing Ngayogyakarta, dene tuwan kumêndur ugi badhe sarêng tindak dhatêng ing Surakarta, pêrlu badhe pêpanggihan kalihan ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, nyuwun lilah badhe pamalihipun nagari, sarêng sampun sami mirantos lajêng bidhal asowang-sowang.

Ingkang Sinuhun ing Kabanaran sampun nampèni sêrat saking tuwan guprênur, bilih sarib bêsar kautus dhatêng Ngayogyakarta, kalihan tuwan dêlèr kêkalih, pêrlu badhe anjumênêngakên sariranipun dados sultan, [su...]

--- 156 ---

[...ltan,] ing ngriku ingkang sinuhun lajêng dhawuh mirantos pondhokan tuwin matah pangeran 2 sarta bopati 2 sami kadhawuhan mêthuk sarib bêsar. Sarêng dumugi dintên ingkang sampun katamtu ingkang sinuhun miyos dhatêng pagêlaran, botên antawis dangu sarib bêsar rawuh dumugi ing alun-alun kaurmatan ungêling gôngsa sarta drèl, wontên ngajêng tratak kapêthukakên ingkang sinuhun lajêng sêsalaman punapadene para tuwan lajêng sami têtabean, sasampunipun bage-binage lajêng sami satata lênggah, sarib bêsar matur sapêrlunipun kautus dhatêng tuwan guprênur, badhe nêtêpakên jumênêngipun sultan ingkang sinuhun. Ing ngriku ingkang sinuhun lajêng andhawuhakên dhatêng para bopati, bilih benjing dintên Sênèn pasowanan agêng ingkang sinuhun badhe jumênêng sultan, sasampunipun parentah lajêng jêngkar ngadhaton, wontên ing kadhaton lêlênggahan sawatawis lajêng bibaran, sarib bêsar kapondhokakên wontên ing masjid, ingkang sinuhun dhatêng sarib bêsar sakalangkung ajrih sarta urmat, salêbêtipun sarib bêsar wontên ing Ngayogyakarta ingkang sinuhun kêrêp tindak dhatêng pondhokanipun ing masjid.

Kacariyos, sarêng ing dintên Sênèn, para putra santana tuwin kawula sadaya sampun sami sowan pêpak ing pagêlaran, ingkang sinuhun miyos saking kadhaton, kadhèrèkakên dening tuwan idêlèr tuwin sarib bêsar, sarêng sampun sami lênggah satata sarib bêsar lajêng ngadêg sarwi ngandika sora: Bilih samangke Pangeran Mangkubumi kajumênêngakên nata, ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamangkubuwana, Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatadinan, ing Ngayogyakarta. Kaèstrènan para bopati tuwin para ngulama, sami andonga nurbuwah, Tuwan Dêlèr Hèting maos sêrat prajanjian têtêpipun jumênêng [jumê...]

--- 157 ---

[...nêng] nata wau, kalihan dados senapatining ayuda manawi Kumpêni manggih pakèwêd, ingkang sinuhun kangjêng sultan ingkang wajib dados manggalaning pêrang, sasampuning kaurmatan ungêling drèl drahgundêr tigang rambahan, guprênur nyaosi drahgundêr kathahipun 400, pangagêngipun Tuwan Sêkèbêr, minôngka jagi rumêksa pakèwêd, sarampunging pêrlu sarib bêsar tuwin tuwan dêlèr kêkalih sami wangsul dhatêng ing Samarang, amung Tuwan Sêkèbêr ingkang kantun angiyasakakên kadhatonipun kangjêng sultan wontên ing Ngayogyakarta, dene pakurmatan konduripun guprênur botên ewah kados kala rawuhipun.

Amangsuli tindakipun tuwan guprênur ing Batawi sampun dumugi ing Surakarta, pakurmatanipun botên kacariyosakên, enggalipun sampun pêpanggihan kalihan Ingkang Sinuhun ing Surakarta, ngaturi priksa bilih Pangeran Mangkubumi sampun miturut saha sampun katêtêpakên jumênêng sultan wontên ing Ngayogyakarta, ing mangke tuwan guprênur nyuwunakên siti palihanipun nagari Jawi minôngka lênggahipun kangjêng sultan, Ingkang Sinuhun ing Surakarta inggih sampun amarêngakên, nanging mundhut pêpanggihan piyambak kalihan ingkang rama Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, ing ngriku tuwan guprênur inggih sampun anyagahi, nanging nyuwun pamit badhe dhatêng Ngayogyakarta rumiyin, sumêdya prasabên kalihan kangjêng sultan. Ingkang sinuhun ugi sampun amarêngakên. Tuwan guprênur lajêng bidhal dhatêng ing Ngayogyakarta, ing margi botên kacariyos, dumugi ing Ngayogyakarta sampun pêpanggihan kalihan kangjêng sultan, mratelakakên ingkang dados karsanipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, sumêdya pêpanggihan piyambak, saha kangjêng sultan badhe botên kawênangakên milih palihanipun nagari. Guprênur matur: kadospundi mênggahing kangjêng

--- 158 ---

sultan, wangsulanipun kangjêng sultan inggih sampun miturut ingkang dados karsanipun Ingkang Sinuhun ing Surakarta.

Tuwan guprênur sakalangkung lêga panggalihipun, lajêng anamtokakên ing dintên Kêmis tanggal kaping 1 wulan Sapar ing taun Jimakir, sami pêpanggihan wontên ing dhusun Pagiyanti, sarampunging pirêmbagan tuwan guprênur lajêng pamitan, enggaling cariyos guprênur lajêng ngaturi sêrat dhatêng Ingkang Sinuhun ing Surakarta, bilih Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta sampun karsa badhe pêpanggihan katamtokakên benjing ing dintên Kêmis tanggal kaping 1 wulan Sapar taun Jimakir wontên ing dhusun Pagiyanti, ingkang sinuhun kaaturan iyasa tarub ingkang badhe kangge pêpanggihan wau, sarêng dumugi ing dintên ingkang katamtokakên, ing dhusun Pagiyanti sampun kaadêgan tarub agung rinêngga sarwa asri, ing ngriku Ingkang Sinuhun ing Surakarta sarta ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, punapadene tuwan guprênur sampun sami rawuh, para bopati tuwin para tuwan sami katimbalan dhatêng ing dhusun Pagiyanti, amung kakantunakên bopati sawatawis ingkang taksih pacak baris, anjagi pangramanipun Pangeran Adipati Mangkunagara. Sarêng sampun satata anggènipun lênggah, tuwan guprênur lajêng matur dhatêng Ingkang Sinuhun ing Surakarta, têmbungipun: Ingkang sinuhun ing mangke paduka sampun pêpanggihan piyambak kalihan ingkang rama kangjêng sultan, pramila kula amung nyumanggakakên.

Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan lajêng ngandika dhatêng Patih Pringgalaya: Hèh Pringgalaya, matura marang rama prabu sultan, samêngko rama sultan kabênêr nampanana bumi saparone nagara Jawa, nanging saka karsaningsun sapisan, rama sultan apa narima yèn ora kêna milih dhisik, kapindho kang wus kapacak ing prajanjian rama sultan ora kêna yèn anjaluka pêparoning [pê...]

--- 159 ---

[...paroning] nagara Surakarta, utawa barang saisining pura, dene unining prajanji kang pinaro mung bumi pasisir môncanagara ing bang wetan, sarta pasisir ing bang kulon kabèh.

Patih Pringgalaya lajêng matur dhatêng sinuhun sultan kados dhawuhipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan wau.

Wangsulanipun ingkang sinuhun kangjêng sultan makatên: Patih Pringgalaya matura marang anak prabu, ingsun iya wis narima kaya kang dadi karsane anak prabu. Radèn Adipati Pringgalaya sampun ngunjukakên panarimahipun ingkang rama kangjêng sultan. Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan tumuntên ngandika malih: Hèh Pringgalaya layang prajanjian pamaroning bumi wacanên, supaya sarupane bocah ingsun para bopati ing pasisir utawa ing môncanagara padha sumurupa. Patih Pringgalaya matur sandika. Tumuntên lajêng maos sêrat prajanjian amung kapêndhêt sapêrlunipun kados ing ngandhap punika.

Kang milu ing Surakarta ing bang wetan, 1. Balitar, 2. Brêbêg, 3. Nganjuk, 4. Pace, 5. Srêngat, 6. Kêrtasana, 7. Tulungagung, 8. Trênggalèk, 9. Kadhiri, 10. Majarata, 11. Basuki, 12. Rêmbang, 13. Balora, 14. Wanasaba, 15. Jagaraga, 16. Magêtan.

Dene bumi kang milu ing Ngayogyakarta, 1. Madiun, 2. Panaraga, 3. Samarata, 4. Maèspati, 5. Sidayu, 6. Pasuruan, 7. Pacitan, 8. Kalangbrèt, lan saurute pasisir ing Garêsik.

Ing bang kulon, saurute Banyumas, pasisir kulon kabèh kaparo sigar sêmôngka.

Sarêng pamalihipun wau sampun rampung, tuwan guprênur matur ing sang prabu sakalihan, [sa...]

--- 160 ---

[...kalihan,] kasuwun supados sami rukuna, utawi kawalêran sampun ngantos pasulayan, tuwin prajanjianipun sang prabu sakalihan, saupami wontên bêbaya tuwin pakèwêding parangmuka, salah satunggalipun botên kenging yèn mingkuha ing damêl.

Sahing prajanjian dintên Kêmis tanggal kaping 1 wulan Sapar ing taun Jimakir sinêngkalan sukaning sarira ngrasa tunggalSengkalan: sukaning sarira ngrasa tunggal (Kêmis, 1 Sapar 1681 A.J., Kamis, 6 November 1755 A.D.). = (1681) utawi ing taun Walandi 1755, tuwan guprênur lajêng kondur dhatêng Batawi. Sang prabu sakalihan sami dhawuh anganjiri watês-watês pilahing siti Surakarta kalihan ing Ngayogyakarta, tumrap ing Surakarta ingkang tinanggênah Radèn Adipati Pringgalaya kanthi bopati kêkalih, mawi kajênêngan dening oprup Tuwan Hèndrik, ngiras dados pangagênging Kumpêni. Anjagi mêngsah pangramanipun Pangeran Adipati Mangkunagara, dene tumrap ing Ngayogyakarta ingkang tinanggênah amung bupati kêkalih. Sang prabu sakalihan lajêng sami bidhal kondur sowang-sowang.

Kacariyos Radèn Adipati Pringgalaya, sagolonganipun bôngsa Jawi ingkang pinatah nganjiri watês, ngantos lami dèrèng rampung-rampung, amargi tindakipun kirang jujur, dangu-dangu patrap ingkang makatên wau kadêngangan dening tuwan oprup, ngantos dipun wêlèhakên, mila Radèn Adipati Pringgalaya sangêt wirangipun, têmahan anglalu lajêng kataman gêrah murus, salêbêtipun kalih dintên seda.

Sarêng Ingkang Sinuhun ing Surakarta anampèni palapuranipun bopati kêkalih bilih Patih Pringgalaya ajal, ingkang kakarsakakên anggêntosi dados patihipun sang prabu inggih punika radèn tumênggung ing Garobogan (Kêdhu), ingkang sampun nyuwun kèndêl, lajêng kaangkat malih kawisudha dados patih, kaparingan nama tuwin sasêbutan Radèn [Ra...]

--- 161 ---

[...dèn] Adipati Mangkupraja, sampun kalampahan, awit punika kagalih anyêkapi sarta sampun cêkak yuswa, saèstu sagêd nindakakên dhatêng pangrèh praja.

Gêntos ingkang kacariyos, Pangeran Adipati Mangkunagara, ingkang pacak baris wontên ing Ardikidul, nantun dhatêng Tumênggung Kudanawarsa: Sarèhning yayi prabu ing Surakarta wis padha tundhuk karo rama prabu ing Ngayogyakarta, malah wis kalakon paronan nagara, kang iku mungguh sariraningsun sumêdya tundhuk, bêcik mênyang Surakarta apa mênyang Ngayogyakarta.

Tumênggung Kudanawarsa matur: Gusti ingkang abdi amung andhèrèkakên sakaparêngipun ing karsa dalêm, amargi karaton kalih pisan punika sami wajibipun yèn ngukupa dhatêng paduka.

Ing ngriku para punggawa sami kamipurun sumambung atur: Dhuh gusti, sarèhning sampun kados makatên, pêrlunipun punapa saupami panjênêngan dalêm badhe karsa tundhuk, langkung prayogi kalajêngakên ing ngayuda, awit wadyabala dalêm botên wontên ingkang kêndhak manahipun, taksih wêwah-wêwah sangsaya kathah, tekadipun sami sabaya pêjah, bokmanawi sagêd unggul ing ajurit, ing têmbe badhe sagêd ngukup sapratiganing nagari.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sarêng midhangêt aturipun para punggawa ingkang makatên wau, panggalihipun kados dhinungkar, lajêng ngandika: Kaki Tumênggung Kudanawarsa, kaya-kaya bênêr ature para punggawa iku, ing mêngko bêcik undhangna marang bocah ingsun wadyabala kabèh, padha mirantia mangsah pêrang, karsaningsun anggêpuk ing Ngayogyakarta dhisik, nuli anggêpuk ing Surakarta.

Tumênggung Kudanawarsa matur sandika, lajêng ngundhangakên, sasampunipun [sasampunipu...]

--- 162 ---

[...n] samêkta Tumênggung Kudanawarsa matur: Gusti, kauningana, wadyabala ing Ngayogyakarta samangke pacak baris wontên ing sangandhaping ardi pasanggrahan dalêm ngriki, ingkang mangagêngi 1. Pangeran Adipati Anom, 2. Pangeran Angabèi, 3. Pangeran Natakusuma.

Ing ngriku Pangeran Adipati Mangkunagara rumaos kados tinêpak wadananipun, lajêng parentah ngangsahakên wadya, tumuntên campuh pêrang rame, dangu-dangu bala ing Ngayogyakarta kalindhih, mundur dhatêng sacêlaking ardi gamping.

Ingkang sinuhun kangjêng sultan sarêng midhangêt wadyanipun kasêsêr, lajêng parentah dhatêng Patih Adipati Suryanagara, kadhawuhan prasabên dhatêng Patih Mangkupraja ing Surakarta, supados anjagia wontên ing tapêl watês, awit barisanipun Pangeran Adipati Mangkunagara agêng sangêt, ingkang dhinawuhan inggih lajêng ngestokakên, kangjêng sultan tumuntên bidhal sawadyabalanipun, lajêng campuh pêrang, ing ngriku bala Kamangkunagaran gêntos kalindhih. Pangeran Adipati Mangkunagara sawadyanipun lumèngsèr mangalèr dumugi ing dhusun Sêmanggi, katututan dening bala Ngayogyakarta lajêng campuh pêrang malih, bala Mangkunagaran kasêsêr, Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng têrus lumèngsèr mangalèr dalah garwa putra tuwin wadyabalanipun, mêngsah Ngayogyakarta taksih angodhol. Kangjêng sultan lêrêp wontên ing dhusun Sampangan, sarêng sampun sawatawis dintên lajêng kondur dhatêng nagari Ngayogyakarta.

Kacariyos, anggènipun lumèrèg Pangeran Adipati Mangkunagara dumugi ing dhusun Kuwu, lajêng ngirup padhusunan sacêlaking ngriku, tiyangipun sami suyud sadaya, bala ing Mangkunagaran dados kathah malih, katungka dhatêngipun wadyabala ing Surakarta, pangagêngipun Radèn Adipati [Adipa...]

--- 163 ---

[...ti] Mangkupraja, kalihan Tuwan Yan Hèndrik tuwin wadyabala ing Ngayogyakarta, pangagêngipun Radèn Adipati Suryanagara, kanthi Tuwan Mayor Sêkèbêr, tumuntên campuh pêrang ngantos gogot, Tuwan Mayor Sêkèbêr nêmahi pralaya, dangu-dangu bala ing Mangkunagaran kantun tiyang kalih dasa, sampun botên kuwagang nanggulangi. Pangeran Adipati Mangkunagara sagarwa putra dalah sakantuning wadya mundur rêrêp wontên ing dhusun Lawang, dene para mêngsah botên wontên ingkang sami ambujêng, lajêng kèndèl wontên ing Kuwu.

Kawuwusa, Pangeran Adipati Mangkunagara salêbêtipun lêrêp wontên ing dhusun Lawang, sakalangkung sungkawa utawi sangêt risakipun, siyang dalu botên karsa dhahar botên karsa sare, amung nênuwun mugi angsala pangapuraning Allah, kala samantên Radèn Tumênggung Kudanawarsa anggadhahi atur sêsulang, têmbungipun: Dhuh gusti, mugi panjênêngan dalêm sampun sangêt-sangêt anawung sungkawaning panggalih, langkung prayogi nyakecakakên sarira, dene sapunika sawêg dhumawah ing apês, inggih katampia kalayan panarimahing panggalih, sumendhe dhatêng Ingkang Maha Kawasa, bokmanawi ing têmbe sagêd luwar saking duka cipta, ing mangke amung anjênjêmna karsa sampun ngantos kasêsa, sinambi angimpun kêmpaling wadyabala, manawi sampun sagêd ngalêmpak gampil, badhe apêpulih malih saèstu sagêd kalaksanan.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, dipun aturi sêsulang makatên wau, sangêt panarimahipun dhatêng Tumênggung Kudanawarsa, sarta kadhahar badhe kaèstokakên.

Kacariyos, tuwan idêlèr ing Samarang, ngaturi uninga sarana sêrat dhatêng guprênur ing Batawi, miturut palapuranipun pangagênging barisan [barisa...]

--- 164 ---

[...n] ing Kuwu, Mayor Sêkèbêr pêjah pêrang wontên ing Kuwu, ing ngriku guprênur lajêng mupakat kalihan para rad, kadospundi malih prayoginipun. Golonging pamanggihipun para rad, Pangeran Adipati Mangkunagara prayogi dipun aturi kondur dhatêng ing Surakarta, punapa dhatêng ing Ngayogyakarta, sarta pinanci lênggahipun ingkang nyêkapi. Tuwan guprênur ugi sampun mupakat, lajêng dhatêng ing Samarang kapanggih kalihan tuwan idêlèr, andhawuhakên supados nimbali para bopati ingkang sami pacak baris wontên ing Kuwu, sampun kalampahan sami dhatêng, 1. Radèn Tumênggung Mangkuyuda, 2. Radèn Tumênggung Arungbinang, 3. Radèn Tumênggung Sasradiningrat, 4. Radèn Tumênggung Sujanapura. Tuwan guprênur lajêng andhawuhakên pangandika, rêmbag sumêdya ngaturi sêrat dhatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, tuwin Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, supados Pangeran Adipati Mangkunagara katimbalan kondur dhatêng ing nagari, kalihan pinanci lênggahipun ingkang cêkap, awit manawi botên makatên saèstu badhe botên têntrêm-têntrêm, ingkang makatên wau para bopati inggih sampun nayogyani, amung Radèn Tumênggung Mangkuyuda matur: Kajawi karsanipun tuwan guprênur amrih sakecaning lampah, mugi sampun enggal-enggal ngaturakên sêrat, prayogi kula rêraosan rumiyin kalihan wayah paduka Ingkang Sinuhun ing Surakarta, nanging botên pasaja bilih paduka ingkang ngutus, amung sêngadi mirêng pawartos bilih paduka badhe ngaturakên sêrat pamrayogi kados ingkang kadhawuhakên wau, awit manawi botên andadosakên kaparêngipun ingkang sinuhun, punika badhe kirang sakeca, dene manawi sakintên wontên wênganing panggalihipun ingkang sinuhun, inggih kalajêngna ngaturakên sêrat wau. Manawi wayah paduka ingkang sinuhun [si...]

--- 165 ---

[...nuhun] sampun têtela condhong, kula badhe lajêng sowan dhatêng Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara pisan, inggih badhe angêjum saha angimur-imur murih karsaa kondur dhatêng nagari, jalaran sanadyan wayah paduka ingkang sinuhun sampun amarêngakên, nanging manawi Pangeran Adipati Mangkunagara sampun botên nêdya kondur, inggih badhe botên kalampahan, ewamakatên kula inggih borong karsa paduka mênggah atur kula wau.

Tuwan guprênur sarêng midhangêt rêmbagipun Radèn Tumênggung Mangkuyuda sakalangkung sukaning panggalih, saha mangayubagya, malah kalêrêsan sangêt punapadene para bopati ugi sami anjurungi sarwi wicantên, manawi kalampahan kados rêmbagipun Radèn Tumênggung Mangkuyuda punika bêbasan badhe botên ngaping kalih, lajêng sagêd rampung sadayanipun.

Tuwan guprênur ngandika: Radèn Tumênggung Mangkuyuda, sakathahing pirêmbag kula pracaya ing sampeyan, sagêdipun rampung prakawis punika kalayan wilujêng, dene yèn sampun rampung rêmbug kasaguhan sampeyan, sampeyan lajêng sukaa kabar dhatêng kula wontên ing Samarang, sakniki para bopati padha kula lilani mulih. Aturipun Tumênggung Mangkuyuda sandika, lajêng bidhal wangsul dhatêng ing Kuwu, tumuntên lapur dhatêng Patih Mangkupraja ing sapêrlunipun katimbalan tuwan guprênur. Ing ngriku Radèn Adipati Mangkupraja lajêng golong kalihan Tuwan Dêlèr Yan Hèndrik, tumuntên bidhalan mantuk dhatêng Surakarta kanthi Radèn Tumênggung Mangkuyuda, dumugi ing Surakarta Tuwan Dêlèr Yan Hèndrik kalihan Patih Mangkupraja tuwin Radèn Tumênggung Mangkuyuda, marak ing ngarsa dalêm ingkang sinuhun, matur mirêng pawartos bilih tuwan guprênur badhe ngaturakên sêrat suraos mrayogèkakên raka dalêm Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara katimbalan kondur dhatêng [dha...]

--- 166 ---

[...têng] ing Surakarta, punapa ing Ngayogyakarta, saha kaparingana panci lênggah siti ing sacêkapipun. Ing ngriku andadosakên rênaning panggalih dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, pancèn sampun kagalih bilih ingkang raka badhe kaaturan kondur piyambak, supados momong dhatêng ingkang sinuhun wontên ing Surakarta kemawon, sasampunipun makatên lajêng sami kalilan mundur bibaran.

Patih Mangkupraja lajêng parentah dhatêng Radèn Tumênggung Mangkuyuda, supados anindakakên kados ingkang sampun karantam. Radèn Tumênggung Mangkuyuda enggal mangkat dhatêng ing dhusun Lawang badhe kapanggih kalihan Pangeran Adipati Mangkunagara. Wontên ing margi botên kacariyos, sasampunipun kapanggih lajêng satata lênggah sarta bage-binage. Radèn Tumênggung Mangkuyuda matur: Bandara, pisowan kula punika mugi sampun andadosakên kalintuning panarka, lugu amung sowan martuwi ing kasugêngan paduka.

Pangeran Adipati Mangkunagara mangsuli pangandika: Inggih paman sakalangkung ing panarimah kula, dene paman kusung-kusung marlokakên martuwi dhatêng kula ingkang sawêg kasarakat. Radèn Tumênggung Mangkuyuda matur malih: O, bandara, inggih labêt saking punika anggèn kula sowan tuwi dhatêng ngarsa paduka, awit kula rumaos karaos-raos nyumêrêpi kawontênaning lêlampahan paduka, mila anjawi kaparênging karsa paduka, supados sampun tansah kados makatên kemawon, manawi kaparêng punapa botên langkung prayogi saupami panjênênganipun bandara kondur dhumatèng ing Surakarta utawi Ngayogyakarta. Inggih sampun mawi anggalih pakèwêd, saèstunipun ingkang rayi sinuhun kangjêng susuhunan tuwin ingkang rama kangjêng

--- 167 ---

sultan badhe botên suminggah, kapara bokmanawi malah andadosakên suka pirênaning panggalih, jalaran sami rumaos kuwajiban.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara midhangêt atur pamrayogi wau ing galih anglêrêsakên, lajêng angandika: Paman, mênggah pamanggih sampeyan ingkang sampun kula mirêngakên, punika tumrapipun ing awak kula pancèn pikantuk, nanging kadospundi paman, sarèhning wawêngkon kula batih kathahipun samantên, saupami kula kalampahan mantuk dhatêng nagari, saèstu kêdah gadhah pêpancèning têdha sarta griya ingkang nyêkapi kangge sakukuban kula punika, amung manawi kula sumêdya mantuk inggih kêdah dhatêng ing Surakarta, rumêksa kaprabonipun yayi prabu.

Radèn Tumênggung Mangkuyuda matur nyuwun sasêrêpan: Kadospundi bandara dene karsa paduka têka milih dhatêng ing Surakarta.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara mangsuli: O, paman, sampun botên susah kula pratelakakên ing sapunika, têmtunipun kathah sangêt sababipun ingkang anjalari kula botên sagêd suwita dhatêng rama prabu ing Ngayogyakarta.

Radèn Tumênggung Mangkuyuda matur: Bilih makatên inggih langkung prayogi kondur dhatêng ing Surakarta kemawon, ingkang rayi sinuhun saèstu anggalih badhe pamancining dhahar paduka ingkang anyêkapi, wondene bab dalêm prayogi ngagêm griyanipun pun paman kemawon rumiyin, inggih punika tilas kapatihan, kados-kados anyêkapi kangge saabdi sagarwa putra sadaya, dene pun paman trimah mikawon manggèn wontên ing griya lami kemawon.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara ngandika malih: Yèn dhasar kados [kado...]

--- 168 ---

[...s] makatên kajêngipun paman, kula inggih sampun anyondhongi. Ing ngriku Radèn Tumênggung Mangkuyuda lajêng walèh: Sayêktosipun prakawis punika ingkang kagungan tuwan guprênur, sarta sampun rujuk kalihan karsanipun ingkang rayi sang prabu ing Surakarta, ing mangkè manawi kaparêng kangjêng pangeran prayogi kula aturi pindhah masanggrahan dhatêng ing dhusun Gumantar malih, ngiras angêntosana utusan rayi paduka ingkang sinuhun, namung kula atur piwêling sakêdhihk, samôngsa utusanipun ingkang rayi sinuhun dhatêng anantun paduka, paduka amangsulana nyuwun griya ing kapatihan, dalah sawawêngkonipun pakampungan sadaya, punapadene pêpancèn lênggah ingkang nyêkapi kadosdene karsa paduka wau. Kangjêng pangeran inggih sampun miturut, sarêng sampun rampung sapêrlunipun, Radèn Tumênggung Mangkuyuda lajêng nyuwun pamit sampun kalilan, nuntên mangkat dhatêng ing Samarang sumêdya sowan ngaturi uninga ing tuwan guprênur. Sapêngkêripun Radèn Adipati Mangkuyuda, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara tumuntên dhawuh bidhal wangsul dhatêng ing Gumantar malih.

Kacariyos, Radèn Tumênggung Mangkuyuda, sadumuginipun ing Samarang lajêng sowan tuwan guprênur, angaturakên anggènipun kautus dhatêng ing dhusun Lawang kapanggih kalihan Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, tuwin kala sowan sang prabu ing Surakarta, purwa madya dumugi wasana sampun katur sadaya, sarta samangke sampun rampung, salajêngipun Radèn Tumênggung Mangkuyuda nyuwun dhawuhipun tuwan guprênur, awit sampun botên wontên pakèwêdipun malih, mila sêrat ingkang badhe katur ing Sang Prabu Surakarta prayogi tumuntên kalampahakên. Tuwan guprênur dahat trusthaning panggalih mirêng aturipun Radèn Tumênggung Mangkuyuda makatên wau, lajêng ngandika suka tarima kasih kathah-kathah dhatêng Radèn Tumênggung Mangkuyuda, sarta ing batos angalêmbana ing kawicaksananipun [kawica...]

--- 169 ---

[...ksananipun] Radèn Tumênggung Mangkuyuda, anggènipun sagêd damêl pirapêting arênggang, wasana lajêng ngunandika: Radèn Tumênggung Mangkuyuda iki pantêse anggêntènana wong tuwane dadi patihe ingkang sinuhun, kaya bakal dadi bêcike, amarga katitik saka lantipe sarta patitis wicarane.

Sarampunging pêrlu, Radèn Tumênggung Mangkuyuda kalilan wangsul dhatêng ing pabarisan malih, tuwan guprênur lajêng damêl sêrat kêkalih, satunggal badhe katur sang prabu ing Surakarta, satunggalipun katur Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, dene suraosipun sami kados ingkang sampun karêmbag ing ngajêng, enggalipun sêrat sampun kalampahan katur ing sang prabu sakalihan, sarêng sampun kapariksa Ingkang Sinuhun ing Surakarta lajêng paring wangsulan sêrat, suraos punapa pamrayoginipun tuwan guprênur, sang prabu badhe mituruti kalihan suka pirênaning panggalih, amung konduripun ingkang raka Pangeran Adipati Mangkunagara supados anjujug dhatêng ing Surakarta, sarta lajêng amomonga sariranipun ingkang sinuhun. Dene sêrat ingkang katur dhatêng Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta ugi sampun kawangsulan kawrat ing sêrat, suraos paring tarimakasih sarta andongakakên sêdyanipun tuwan guprênur punika sagêda kasêmbadan. Botên antawis lami tuwan guprênur ngaturakên sêrat malih katur sang prabu ing Surakarta, supados ingkang raka Pangeran Adipati Mangkunagara tumuntên katimbalan.

Kacariyos, nalika Pangeran Adipati Mangkunagara, pacak baris wontên ing tanah Sokawati, kadhatêngan utusanipun Ingkang Sinuhun ing Surakarta, ingkang kautus: 1. Nyai Tumênggung Sêtyawati, 2. Kyai Tumênggung Rajaniti, 3. Radèn Tumênggung Mangunnagara, maringakên nawala ijêman sêrat. Suraosipun:

--- 170 ---

Sasampunipun taklim kula kakang mas Pangeran Adipati Mangkunagara dhumatêng sampeyan.

Wiyosipun, satampining sêrat kula punika kangmas kula aturi kondur dhatêng ing Surakarta, salajêngipun amomonga ing sarira kula, amargi anggèn kula jumênêng nata rumaos kijènan têmah kontit, jalaran rama Pangeran Mangkubumi samangke sampun jumênêng sultan wontên ing Ngayogyakarta, dados botên wontên malih ingkang prayogi momong sarira kula kajawi panjênênganipun kakang mas. Manawi kakang mas sampun karsa pinanggih kalihan kula, punapa ingkang kakarsakakên kula badhe mituruti, punapa malih bab siti ing Mataram, sarta ing dhusun Sala ingkang sampun wontên ngastanipun kakang mas inggih kula lulusakên dados kagunganipun kangmas.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, sarêng sampun maos sêrat ingkang saking sang prabu ing Surakarta makatên wau, sanalika lilih panggalihipun, tumuntên angandika dhatêng kang kautus, têmbungipun: Nyai Sêtyawati, paman Rajaniti tuwin paman Mangunnagara, sampeyan munjuka ingkang sinuhun, paring dalêm nawala sampun kula tampèni, atur wangsulan kula sampun kawrat adhi mas Pangeran Mangkudiningrat ingkang badhe kula purih sowan yayi prabu ing Surakarta,§ Sampun winêling ingkang pêrlu-pêrlu. mangke kajêngipun sarêng kalihan lampah jêngandika, makatên malih atur kula, punapa ingkang dados karsanipun sang prabu ugi lajêng kadhawuhna dhatêng adhi mas Mangkudiningrat.

Nyai Sêtyawati sakancanipun sampun têrang dhawuh wangsulanipun Pangeran Adipati Mangkunagara wau, lajêng nyuwun pamit sampun kalilan,

--- 171 ---

nuntên bidhal saking Sokawati sarêng kalihan Pangeran Mangkudiningrat. Sadumuginipun ing Surakarta lajêng marak ing ngarsa dalêm ingkang sinuhun, sarwi ngirid Pangeran Mangkudiningrat. Nyai Sêtyawati munjuk saliring kautus, ingkang sinuhun lajêng andangu dhatêng Pangeran Mangkudiningrat: Bab ingkang dados panyuwunipun kakang mas Mangkunagara punapa.

Pangeran Mangkudiningrat matur: Panyuwunipun raka dalêm kangmas Pangeran Adipati Mangkunagara makatên:

1. Nyuwun lêstantun sêsêbutanipun, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara kados ingkang rama swargi.

2. Nyuwun siti ingkang sampun kaidak sadaya, dadosa lênggahipun.

3. Nyuwun griya kapatihan Sindurêjan, dalah sapakampungan tuwin capurinipun sadaya. Amung punika aturipun.

Enggaling dhawuhipun sang prabu, sadaya wau ugi sampun marêngakên, lajêng utusan andhawuhakên ingkang raka Pangeran Adipati Mangkunagara benjing ing dintên Kêmis ing tanggal kaping 4 wulan Jumadilakir taun Jimakir jam 5 sontên katimbalan kondur dhatêng nagari Surakarta.

Samantên, Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng tata-tata badhe kondur dhatêng nagari, sarêng sampun mirantos sadaya ing dintên wanci ingkang sampun kadhawuhakên, tumuntên bidhal saking Sokawati, kêbut sakukubanipun sadaya. ingkang sinuhun kanthi Tuwan Oprup Abrêm mêthuk ingkang raka, sarêng dumugi ing dhusun Tunggon, kapêthuk ingkang raka, nuntên sami kèndêl bage-binage kawilujêngan, lajêng wangsul bidhal dhatêng ing Surakarta, jam 5 sontên dumugi ing kadhaton, Pangeran Adipati Mangkunagara sagarwa putra sadaya kakarsakakên andhèrèk malêbêt ing kadhaton, dene para punggawa tuwin para abdinipun sami kadhawuhan [ka...]

--- 172 ---

[...dhawuhan] lajêng dhatêng ing dalêm Mangkuyudan. Sarêng ingkang sinuhun sampun rawuh ing kadhaton lajêng sami tata lênggah, sarta lajêng lumados sêgah sinambi pangandikan kalihan ingkang raka Pangeran Adipati Mangkunagara. Ingkang sinuhun andangu dhatêng ingkang raka, pangandikanipun: Sampun pintên taun anggènipun kakang mas adalêm wontên ing wana.

Atur wangsulanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara: Nuwun, wiwit kula mêdal saking nagari nalika umur 17 taun, samangke kula sampun umur 32 taun, dados kapetang sapriki anggèn kula dados tiyang wanan, sampun wontên 15 taun. Ingkang sinuhun mèsêm, tuwin sadaya ingkang sami mirêngakên ugi sami mèsêm, sarwi tumungkul. Ing batos ngalêm landhêping panggalihipun Pangeran Adipati Mangkunagara, dene patitis wangsulanipun.

Ingkang sinuhun andangu malih: Kangmas putranipun sadaya sapunika sampun pintên. Wangsulanipun ingkang raka: Bilih saking rayi paduka adhi ajêng Ratu Bêndara dèrèng wontên, amung saking rencang sadaya pitu, ingkang èstri tiga, ingkang jalêr sakawan.

Pangandikanipun ingkang sinuhun: Inggih sampun dumugi sangêt, salêbêtipun gangsal wêlas taun pêputra pitu. Ing ngriku sarêng dumugi anggènipun sami ngandikan, ingkang raka Pangeran Adipati Mangkunagara sagarwaputranipun sadaya, sampun kalilan kondur ing dalêm Mangkuyudan,§ Dalêm ing Mangkuyudan punika inggih ing Mangkunagaran sapunika. sarawuhipun ing dalêm Mangkuyudan lajêng lumêbêt ing dalêm, amarêngi ing dintên malêm Jumuwah Pon tanggal kaping 5 wulan Jumadilakir taun Jimakir, windu Adi, sinêngkalan panêmbahing dipôngga angoyak jagadSengkalan: panêmbahing dipôngga angoyak jagad (Kêmis Paing, 5 Jumadilakir 1682 A.J., Kamis, 24 Pebruari 1757 A.D.). = 1682.

--- 173 ---

Bab 6. Lêlampahanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, Wiwit Dêdalêm ing Nagari Surakarta Ngantos Dumugi ing Surudipun.

Kacariyos, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sarêng sampun têntrêm anggènipun dêdalêm wontên ing nagari Surakarta, lajêng nata dalêmipun para putra santana, tuwin griyanipun para punggawa sampun kapapanakên sadaya. Ing ngriku Adipati Kudanawarsa kadadosakên bopati wontên ing Kêduwang, nama tuwin sêsêbutanipun lêstantun.

Gêntos kacariyos, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kala samantên anampèni sêrat saking tuwan guprênur ing Batawi, suraos kaaturan rawuh dhatêng ing Salatiga, akalihan Pangeran Adipati Mangkunagara, pêrlu ngasmani sêrat prajanjian tuwin palihaning nagari kalihan Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, dene ingkang badhe nampèni rawuhipun ingkang sinuhun tuwin kangjêng sultan wontên ing Salatiga, Tuwan Dêlèr Harêking ing Samarang.

Ing ngriku ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, lajêng paring priksa dhatêng ingkang raka Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, bab prasabênipun tuwan guprênur ingkang kawrat ing sêrat wau, sarta mundhut wangsulanipun ingkang raka. Atur wangsulanipun Pangeran Adipati Mangkunagara sandika andhèrèk, amung gadhah panyuwun, manawi sampun dumugi ing Salatiga bilih wontên sulayaning pirêmbak, Pangeran Adipati Mangkunagara badhe botên tumut-tumut. Ingkang sinuhun inggih sampun anyagahi, bab sulayaning pirêmbag badhe wontên sariranipun piyambak.

--- 174 ---

Sarêng dumugi ing dintên ingkang katamtokakên, ingkang sinuhun bidhal dhatêng ing Salatiga, têdhakipun amung cara pêpara, ingkang andhèrèkakên Adipati Mangkupraja, dalah para bopati tuwin para pangeran, kalêbêt panèwu mantri pêthilan wontên 60 ingkang ngampil-ampil upacara wontên 20. Dene Pangeran Adipati Mangkunagara, ingkang andhèrèkakên Tumênggung Kudanawarsa Rôngga Panambangan dalah saprikancanipun sadaya wontên 42 ingkang ngampil-ampil wontên 16 dumugi ing Salatiga sarêng kalihan rawuhipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, kanthi tuwan oprup, kadhèrèkakên patih Adipati Suryanagara, abdi ingkang andhèrèkakên ngampil-ampil upacara 28, ingkang ambêkta sanjata 100, ingkang ambêkta waos 120. Tuwan Dêlèr Harêking ugi sampun rawuh ing Salatiga, kadhèrèkakên petor ing Samarang, ambêkta soldhadhu Walandi 600, prajurit Makasar Bugis 400, mariyêm 12, ingkang nindhihi mayor kêkalih.

Sasampunipun kaacaran kalihan urmat, lajêng sami tata lênggah, tuwan dêlèr wontên ing têngah, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta wontên ing têngênipun, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta wontên ing kiwanipun, Pangeran Adipati Mangkunagara kalihan tuwan oprup tuwin tuwan mayor kêkalih sami wontên ngajêng, ajêng-ajêngan kapering têngên, dene patih ing Surakarta Radèn Adipati Mangkupraja tuwin patih ing Ngayogyakarta Radèn Adipati Suryanagara wontên ing ngajêng lêrês dalah para bopati sadaya.

Sarêng sampun rampung sami bage-binage wilujêng, tuwan dêlèr wicantên têmbungin:têmbungipun. Kangjêng sunan tuwin kangjêng sultan, punapadene Kangjêng Pangeran Adipati [A...]

--- 175 ---

[...dipati] Mangkunagara, mila kula aturi rawuh wontên ing Salatiga ngriki, pêrlu sami kula suwun rukunipun, tuwin atut runtutipun pasadherekan, murih sami narimaha sadayanipun, sampun ngantos wontên ingkang pasulayan kêkêrêngan sami bangsanipun, wiwit titimangsanipun ing dintên punika siti tanah Jawi kula palih, kangjêng sunan ing Surakarta andarbènana sapalih, kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta ugi andarbènana ingkang sapalih.

Ingkang Sinuhun ing Surakarta angandika: Tuwan dêlèr, kangmas Pangeran Adipati Pangeran Mangkunagara, kapancia lênggahipun siti rumiyin, tumuntên jêngandika paro.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta nyambêti pangandika: Tuwan dêlèr, yèn nagari wau sadèrèngipun kapalih, môngka kapêndhêt lênggahipun anak Pangeran Adipati Mangkunagara rumiyin, punika botên nama sigar sêmôngka. Yèn anak Pangeran Adipati Mangkunagara tumut anak prabu ing Surakarta, inggih anak prabu ingkang wajib manci lênggahipun, dene manawi tumut kula inggih kula ingkang maringi pancènipun siti.

Tuwan dêlèr matur dhatêng Ingkang Sinuhun ing Surakarta: Kadospundi sang prabu karsanipun rama paduka sultan wau.

Ingkang Sinuhun ing Surakarta ngandika: Kula inggih sampun nayogyani, kangmas Pangeran Mangkunagara kula paringi pancèn lênggah siti 1000 karya.

Tuwan dêlèr nantun dhatêng Pangeran Adipati Mangkunagara, kadospundi kangjêng pangeran dhawuhipun ingkang rayi sinuhun punika.

Pangeran Adipati Mangkunagara mangsuli: Manawi amung kapanci siti

--- 176 ---

1000 karya, kula botên ajêng, parêng botên parêng kula nyuwun 10.000 karya, sarta siti ingkang sampun wontên ing tangan kula kalulusna sadaya.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta nyambêti pangandika malih: Tuwan dêlèr, manawi anak mas Pangeran Mangkunagara tumut ing kula, kula maringi lênggah 4000 karya, awit suwargi bapakane kangmas, dhaharipun sawah inggih amung 4000 karya.

Tuwan dêlèr matur dhatêng Ingkang Sinuhun ing Surakarta: Kadospundi sang prabu, raka paduka Pangeran Adipati Mangkunagara, kapundhut dhatêng ingkang rama sultan punapa paduka kaparêng.

Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan mangsuli pangandika: Kula botên suka, wontênipun kangmas Pangeran Mangkunagara kula aturi kondur dhatêng nagari, punika supados momonga dhatêng kula.

Tuwan dêlèr nantun dhatêng Pangeran Adipati Mangkunagara: Kadospundi jêngandika kangjêng pangeran, tumut ing Surakarta punapa tumut ing Ngayogyakarta.

Ingkang tinantun mangsuli makatên: Sadaya kula botên purun anglampahi, parêng botên parênga kula nyuwun siti ingkang sampun wontên ing tangan kula sadaya, punika kalulusna.

Tuwan Dêlèr Harêking ragi kawêkèn pangêjumipun, dangu-dangu lajêng matur dhatêng Ingkang Sinuhun ing Surakarta: Sang prabu, manawi makatên kula ingkang mancas rêmbag, Pangeran Adipati Mangkunagara kapancia dhahar sabin 4000 karya, sarta siti ing Surakarta ingkang sampun wontên ing tanganipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sadaya kalulusna, dene dêdalêmipun kangjêng pangeran ugi andhèrèk ingkang sinuhun wontên ing Surakarta.

--- 177 ---

Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan inggih sampun amarêngakên. Pangeran Adipati Mangkunagara matur dhatêng tuwan dêlèr: Manawi makatên tuwan dêlèr, kula inggih sampun narimah, nanging kula gadhah panyuwun mugi dipun wênangna mangangge kados pangagêmanipun kangjêng susuhunan, sarta kula kalilana linggih jajar kalihan sang prabu.

Tuwan Dêlèr Harêking punika satunggaling Walandi ingkang sampun cakêp anggalih pangêmbating praja, mila lajêng mangsuli: Kangjêng pangeran, panyuwun jêngandika punika, kula inggih sampun anglilani, nanging kula gadhah wêwalêr kawan bab ing ngandhap punika.

1. Jêngandika botên kenging lênggah ing dhampar,

2. Jêngandika botên kenging iyasa alun-alun,

3. Jêngandika botên kenging damêl bale witana,

4. Jêngandika botên kenging anglunasi pêcating nyawa

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara inggih sampun anyanggêmi ing wêwalêr wau, sarta manut dhatêng Kumpêni.

Kacariyos, ing tanah Jawi lulus kapalih, kang dados bawahipun Ingkang Sinuhun ing Ngayogyakarta winastan: bageyan têngên, ingkang dados bawahipun ing Surakarta winastan: bageyan kiwa. Sarèhning sampun sami dados pirukunipun sadaya kangjêng susuhunan tuwin kangjêng sultan, punapadene Pangeran Adipati Mangkunagara, sami kaaturan ngasmani sêrat prajanjian, ijêmanipun malih, kangjêng susuhunan botên kenging yèn melikna dhatêng karaton ing Ngayogyakarta, makatên ugi kangjêng sultan, botên kenging yèn amelikna dhatêng karaton ing Surakarta, punapadene Pangeran Adipati Mangkunagara, inggih botên kenging yèn amelikna dhatêng karaton [kara...]

--- 178 ---

[...ton] kêkalih wau, sarta katiganipun botên kenging ambalela dhatêng Kumpêni.

Sasampunipun salêsih, tuwan dêlèr parentah dhatêng tuwan mayor, suldhadhu Walandi 200, kadhawuhan ngungêlakên sanjata sampun kalampahan drèl kaping tigang rambahan, sinauran ungêling mariyêm rambah kaping 21, minôngka saksining pakurmatan, rampunging prajanjian wontên ing dintên Sêtu Lêgi tanggal kaping 5 wulan Jumadilawal ing taun Alip, nuju windu Kunthara, sinangkalan guna bujôngga rasa waniSengkalan: guna bujôngga rasa wani (Sêtu Lêgi, 5 Jumadilawal 1683 A.J., Minggu, 15 Januari 1758 A.D.). = (1683), lajêng bibaran sami kondur sowang-sowang.

Kawursita, Pangeran Adipati Mangkunagara, labêt saking sangêting trêsnanipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mila putranipun Pangeran Adipati Mangkunagara asma Radèn Mas Sura, diwasaning yuswa, kapundhut mantu dhaup kalihan putri dalêm asma Kangjêng Ratu Alit, sarta kaparingan pangkat pangeran, kapatêdhan sêsêbutan santun nama Pangeran Prabuwijaya, mênggah agênging pasamuwanipun nalika dhaup, botên cinariyos. Sarêng Kangjêng Ratu Alit kagungan putra kakung, kapundhut putra ingkang eyang Pangeran Adipati Mangkunagara, kaparingan pêparab Radèn Mas Slamêt, dumugi diwasa kaparêng kasuwunakên pangkat pangeran saha santun asma: Pangeran Arya Prabu Prangwadana.

Nêngna malih, Pangeran Adipati Mangkunagara, botên purun ngayom dhatêng karaton Ngayogyakarta, punika andadosakên runtikipun kangjêng sultan, nanging Pangeran Adipati Mangkunagara botên ajrih, runtikipun ingkang rama wau sumêdya dipun timbangi, nanging amung sinamun ing pasêmon.

Nuju satunggaling dintên, Pangeran Adipati Mangkunagara, nampèni utusanipun ingkang rama kangjêng sultan, ingkang garwa Kangjêng Ratu Bandara

--- 179 ---

kadhawuhan ngajak tuwi dhatêng ing Ngayogyakarta, amargi ingkang rama kangên. Atur wangsulanipun Pangeran Adipati Mangkunagara amung nyanggikrami, utusanipun ingkang rama anggènipun nimbali ngantos rambah kaping tiga, nanging ingkang garwa mêksa dèrèng kasowanakên, andadosakên sangêt dukanipun ingkang rama, lajêng mundhut pitulung dhatêng tuwan oprup ing Ngayogyakarta, kautus dhatêng ing Surakarta, kanthi Kangjêng GuntiGusti. Pangeran Adipati Anom, pêrlu mêthuk ingkang putra Kangjêng Ratu Bandara wau, sêngadi sarira dalêm kangjêng sultan gêrah. Enggalipun sampun dumugi ing Surakarta, anjujug ing loji kapanggih kalihan tuwan oprup ing Surakarta, lajêng pratela pêrluning kautus dhatêng kangjêng sultan. Tuwan oprup ing Surakarta lajêng ngirid utusan wau dhatêng ing Mangkunagaran sampun kapanggih. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom ngabêkti dhatêng ingkang raka Pangeran Adipati Mangkunagara. Tuwan oprup ing Ngayogyakarta matur yèn kautus ingkang rama kangjêng sultan, pêrlu nimbali ingkang putra Kangjêng Ratu Bandara, amargi kangjêng sultan gêrah saha kangên sangêt. Manawi Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara botên sagêd ngêtêrakên piyambak, ingkang rayi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom punika ingkang kapitados andhèrèkakên.

Pangeran Adipati Mangkunagara sampun anggraita, bilih gêrahipun kangjêng sultan wau amung kangge samudana, lajêng mangsuli: Bojo kula katimbalan ingkang rama kula inggih ngaturakên, nanging kula botên sagêd ngatêrakên piyambak, sarta manawi bojo kula lajêng dipun kêkahi botên kaparêng mantuk, sintên ingkang badhe nanggêl.

Tuwan oprup ing Surakarta ngungun, dene kaya mangkono wangsulane Pangeran Adipati Mangkunagara, apa kang dadi sababe, têmahan [têmah...]

--- 180 ---

[...an] andadosakên kawêkèning pamikiripun tuwan oprup. Tumuntên tuwan oprup ing Ngayogyakarta nêdha pitulung rêrigênipun dhatêng tuwan oprup ing Surakarta, supados prakawis punika sagêd kalampahan. Tuwan oprup ing Surakarta lajêng gumagah matur dhatêng Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara: Manawi garwa paduka ngantos dipun kêkahi ingkang rama, inggih kula ingkang sagah ngondurakên dhatêng ing Surakarta.

Enggaling cariyos sampun kalampahan, Kangjêng Ratu Bandara kabêkta utusan tuwan oprup ing Ngayogyakarta, kadhèrèkakên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, tuwin tuwan oprup. Dumugi ing Ngayogyakarta lajêng lumêbêt ing kadhaton, ngabêkti dhatêng ingkang rama. Tuwan oprup sampun kalilan mantuk dhatêng loji.

Sampun sawatawis dangu Kangjêng Ratu Bandara botên kakondurakên malih dhatêng ing Mangkunagaran, mila Pangeran Adipati Mangkunagara botên narimah, lajêng nyêrêg dhatêng tuwan dêlèr ing Samarang, yèn ingkang garwa dipun kêkahi dhatêng ingkang rama kangjêng sultan, botên kakondurakên dhatêng ing Surakarta, môngka ingkang nanggêl konduripun tuwan oprup ing Surakarta. Prakawis punika sampun kaudi, nanging mêksa botên sagêd kalampahan kondur.

Gêntos kacariyos, tuwan oprup ing Ngayogyakarta sowan dhumatèng ingkang sinuhun kangjêng sultan, malêbêt ing kadhaton, sarwi ambêkta sêrat saking tuwan guprênur ing Batawi. Sasampuning kabagèkakên saha têtabean, lajêng sami lênggahan wontên ing pandhapa, ing ngriku tuwan oprup lajêng ngaturakên sêrat wau dhatêng kangjêng sultan sampun katampèn, saha katupiksa dening ingkang sinuhun kangjêng sultan, mênggah suraosipun, miturut palapuran saking tuwan dêlèr ing Samarang, yèn ingkang [ing...]

--- 181 ---

[...kang] putra Kangjêng Ratu Bandara sampun martuwi ing sariranipun sinuhun sultan, wusana lajêng kaandhêg botên kaparêng mantuk. Ingkang punika manawi kapara yêktos, prayogi sinuhun sultan enggal amarêngna ingkang putra Kangjêng Ratu Bandara mantuk dhatêng ing Mangkunagaran, amargi yèn ta botên makatêna, saèstu aminihi karisakaning praja, utawi sadangunipun badhe botên sagêd tata raharja, têmahan kirang pakantuk kalihan Kumpêni, botên sanès ingkang nyanggi inggih sariranipun sultan.

Sarampunging pamaos, ingkang sinuhun kangjêng sultan lajêng mundhut pamrayogi dhatêng tuwan oprup, ingkang murih sakecanipun kadospundi. Tuwan oprup amrayogèkakên sagêda karêmbag kalihan tuwan dêlèr ing Samarang, supados dhatênga wontên ing ngarsanipun kangjêng sultan. Ing ngriku ingkang sinuhun kangjêng sultan ugi sampun anyondhongi, pramila lajêng dhawuh damêl sêrat dhatêng tuwan dêlèr ing Samarang, ngêmot suraos manawi andhanganakên, kaajêng-ajêng sagêda pêpanggihan kalihan sariranipun ingkang sinuhun kangjêng sultan wontên ing Ngayogyakarta, amargi wontên pêrlu ingkang kêdah karêmbag. Sasampuning paripurna sêrat lajêng katampèkakên dhatêng tuwan oprup supados kalampahakên, botên dangu tuwan oprup sampun kalilan lajêng mantuk.

Gantya winiraos, Tuwan Ubrinting, dêlèr ing Samarang anampèni sêrat pakintunipun Tuwan Lapro, oprup ing Ngayogyakarta, kanthi nuwalanipun ingkang sinuhun kangjêng sultan, kapengin pêpanggihan kalihan sariranipun tuwan dêlèr wontên ing Ngayogyakarta, pêrlu rêrêmbagan bab Kangjêng Ratu Bandara, inggih punika garwanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, enggalipun tuwan dêlèr ugi andhanganakên, saha kalêksanan tindak ing Ngayogyakarta, lêrêp wontên ing loji dalêmipun tuwan oprup.

--- 182 ---

Enjingipun tuwan dêlèr kanthi tuwan oprup, sami malêbêt ing kadhaton. Sasampuning bage-binage saha têtabean kalihan kangjêng sultan, lajêng kaacaran lênggah samadyaning sasana sewaka. Ing ngriku ingkang sinuhun kangjêng sultan angandika: Tuwan dêlèr, mulane jêngandika kula undang mariki, èntên ribêding panggalih kula, jalaran putri kula Ratu Bandara, tilik ing kula, sabanjure botên purun mantuk dhatêng Mangkunagaran, mungguh sababe mung botên kaduga nglêstarèkakên gone jêjodhoan kalih lakine Pangeran Adipati Mangkunagara, mulane murih têrange pisan, Ratu Bandara jêngandika takèni piyambak. Sanalika tuwan dêlèr anggoyang kêpala (gèdhèg-gèdhèg) tumuntên umatur: Kangjêng sultan, prayogi ingkang putra kadhawuhana mriki. Ingkang sinuhun kangjêng sultan lajêng animbali Kangjêng Ratu Bandara ingkang sampun mirantos wontên salêbêting dalêm agêng, botên dangu kangjêng ratu mêdal ing pandhapa. Sasampuning têtabean kalihan para tuwan wau, lajêng lênggah umarêk ingkang rama. Tuwan dêlèr angandika: Tuwan Ratu Bandara, punapa jêngandika martuwi mriki sampun dangu. Wangsulanipun kangjêng ratu: Inggih rama tuwan, anggèn kula wontên ing ngarsanipun rama prabu ngriki sampun watawis dangu. Tuwan dêlèr ngandika malih: Tuwan ratu, saking pamanggih kula kados sampun cêkap, ingkang punika langkung prayogi enggal wangsula mantuk ing Mangkunagaran, anggaliha ingkang raka Pangeran Adipati Mangkunagara, awit ingatasipun tiyang ingkang sampun bêbojoan, ingkang limrah manawi salah satunggalipun ingkang jalêr punapa ingkang èstri anilar kêkesahan, ing môngka ngantos watawis dangu botên mantuk, punika ingkang tinilar raosing manah sakalangkung susah utawi kumalawung, têmahan asring andadosakên sakit. Kangjêng ratu amangsuli: Bapa tuwan dêlèr,

--- 183 ---

mênggah prasajaning pikajêng kula pancèn badhe botên mantuk dhatêng Mangkunagaran, amargi manah kula sampun botên kadugi nglajêngakên bêbojoan kalihan Kangmas Mangkunagara, inggih botên saking punapa, muhung raosing manah kados atur kula wau, saupami karsanipun rama prabu kula kapêksa dipun antukakên mrika, kula pilaur dumugi ing pêjah. Sarèhning panggalihipun kangjêng ratu saèstu kêncêng botên nêdya kondur, mila tuwan dêlèr lajêng ngandika: Sampun Tuwan Ratu jêngandika wangsul malêbêt ing dalêm malih. Tuwan dêlèr lajêng matur dhatêng ingkang sinuhun kangjêng sultan: Mênggah saking pamanggih kula dintên benjing-enjing kula kaparênga mantuk dhatêng ing Samarang, enjingipun malih ingkang putra Tuwan Ratu Bandara, kakintuna dhatêng panggenan kula kanthi Patih Danurêja, tuwin pangulu khakim, sarta kula ugi badhe andhatêngakên pangulu khakim saking Surakarta, kula kêmpalakên para pangulu ngulama ing pasisir, pêrlu badhe kula ajak parêpatan, tumrap ing bôngsa Jawi, ingkang sampun botên purun kêmpal kalihan ingkang jalêr, ing têmbe kadospundi lêrêsipun ing wêwaton kitab, supados lajêng dipun rampungi dening Kumpêni. Kula badhe ngaturi pariksa ing putra paduka ingkang sinuhun kangjêng susuhunan tuwin dhatêng Pangeran Adipati Mangkunagara. Dhawuhipun kangjêng sultan, inggih prayoga tuwan dêlèr, tuwan dêlèr tuwin tuwan oprup, botên dangu lajêng kalilan wangsul dhatêng ing loji, enjingipun tuwan dêlèr kondur dhatêng ing Samarang.

Sarêng dintên Jumuwah tanggal kaping 15 Jumadilawal, ing taun Wawu, sinangkalan têrus liman ngobahkên jagadSengkalan: têrus liman ngobahkên jagad (Jumuwah, 15 Jumadilawal 1689 A.J., sic. seharusnya: Jumuwah, 15 Rabingulawal 1689 A.J., Jumat, 23 September 1763 A.D.). = 17801689. Kangjêng Ratu Bandara kadhèrèkakên: 1. Pangeran Pakuningrat, 2. Patih Radèn Adipati Danurêja, 3. Pangulu khakim tuwin katib kêkalih têdhak dhatêng [dha...]

--- 184 ---

[...têng] Samarang. Wontên ing margi botên kacariyos, sarawuhipun ing Samarang anjujug dalêmipun Tuwan Dêlèr Ubrinting. Sasampuning bage-binage atêtabean, kangjêng ratu kaacaran lênggah ing lotèng kalihan para nyonyah, tuwan dêlèr lênggah wontên ing ngèmpèr sangandhaping lotèng, kalihan Pangeran Pakuningrat, tuwin Radèn Adipati Danurêja, sarta radèn adipati ing Samarang. Sawatawis dangunipun lajêng sami lêrêp dhatêng pamondhokan. Kangjêng Ratu sapandhèrèkipun wontên ing kabopatèn, amung Tuwan Oprup Lapro lêstantun manggèn ing loji.

Sarêng sampun sawatawis dintên, tuwan oprup ing Surakarta kanthi Radèn Tumênggung Mangkuyuda, tuwin pangulu khakim sami dhatêng sowan tuwan dêlèr ing Samarang, sami anjujug ing loji. Sadhatêngipun ing loji sinugata nuntên kalilan lêrêp dhatêng pondhokanipun.

Enjingipun Kangjêng Ratu Bandara sapandhèrèkipun, tuwin Tumênggung Mangkuyuda sarta pangulu Surakarta sami wangsul dhatêng ing loji malih, ing ngriku para ngulama ing pasisir ugi sampun sami ngalêmpak. Tuwan dêlèr tumuntên andangu dhatêng satunggaling pangulu saha ngulama sadaya, kadospundi mênggah lêrêsing kukum, manawi tiyang èstri bôngsa Jawi angêmohi dhatêng lakinipun. Aturipun para pangulu sarta para ngulama sami miturut kasêbut ing kitab, Mukharar, Makhaliraholah èstri wênang rapak, ananging kêdah anyukani pamancal dhatêng lakinipun. Tuwan dêlèr lajêng pratela dhatêng Kangjêng Ratu Bandara, kados aturipun para pangulu tuwin parta ngulama wau. Kangjêng Ratu Bandara ugi anyanggêmi ngaturi pamancal, warni punapa ngêntosi dhawuh kaparêngipun ingkang rama kangjêng sultan. Enggalipun sampun lajêng karampungan, Kangjêng Ratu Bandara katêtêpakên pêgatipun kalihan Pangeran Adipati Mangkunagara, mawi pamancal. [pama...]

--- 185 ---

[...ncal.] Amung salêbêtipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara taksih sugêng, Kangjêng Ratu Bandara botên kalilan krama. Sasampuning kaumumakên lajêng bibaran, wangsul dhatêng pondhokanipun piyambak-piyambak.

Sawatawis dintên, Kangjêng Ratu sapandhèrèkipun tuwin tuwan oprup ing Ngayogyakarta, sami bidhalan kondur mawi kabêktanan sêratipun tuwan dêlèr ingkang badhe katur kangjêng sultan, suraos, Kangjêng Ratu Bandara sampun têtêp pêgatipun kalihan Pangeran Adipati Mangkunagara, mawi pamancal kados kasêbut wau. Tuwin Radèn Tumênggung Mangkuyuda, pangulu sarta katib sakanthinipun sadaya ugi lajêng bidhal mantuk dhatêng ing Surakarta, kalihan ambêkta sêratipun tuwan dêlèr katur ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, tuwin dhatêng Pangeran Adipati Mangkunagara, suraosipun sami kalihan sêrat ingkang katur dhatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, amung kaotipun bab pamancal ngêntosi katrangan saking kangjêng sultan.

Kawuwusa malih, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, sasampunipun tampi sêrat saking tuwan dêlèr ing Samarang, bab rapakipun Kangjêng Ratu Bandara, lajêng angintuni sêrat wangsulan, suraos, asung tarima kasih saha andadosakên suka pirênaning panggalih, wondene ingkang minôngka pamancal, kaparingan warni siti ing tanah Pajang, salajêngipun kapasrahakên dhatêng ingkang wajib tampi kapitadosakên tuwan dêlèr ing Samarang, amila tuwan dêlèr ing Samarang, inggih lajêng anglajêngakên wangsulan wau katur ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, lumantar tuwan oprup ing Surakarta, supados kadhawuhna sapêrlunipun dhatêng Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara. Kajawi punika Pangeran Adipati Mangkunagara anampani sêrat prajanji saking tuwan dêlèr ing Samarang, bilih kangjêng pangeran [pa...]

--- 186 ---

[...ngeran] taksih sugêng, Kangjêng Ratu Bandara botên kenging kakramakakên.

Kacariyos, sarêng dangu-dangu Kangjêng Ratu Bandara lajêng dipun kramakakên dhatêng ingkang rama kangjêng sultan, dhaup kalihan Pangeran Dipanagara. Ing ngriku Pangeran Adipati Mangkunagara panggalihipun muntab sangêt, sumêdya badhe ngayuti pêrang dhatêng Ngayogyakarta, kagalih ingkang rama kangjêng sultan sampun wiwit sirna kautamènipun, nanging lajêng kenging dipun paripih dening tuwan oprup ing Surakarta. Mangke bilih tuwan dêlèr rawuh ing Surakarta kangjêng pangeran dipun aturi mitêrang. Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng kèndêl, sêdyanipun wau botên kalajêngakên. Sarêng tuwan dêlèr sampun dhatêng ing Surakarta, Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng manggihi, sarta matur: Kadospundi tuwan dêlèr, kangjêng rama sultan têka botên nêtêpi kados prajanjinipun tuwan dêlèr ingkang dhatêng kula, bojo kula sampun kalampahan kakramakakên malih angsal Pangeran Dipanagara. Bilih makatên kangjêng rama sultan sampun sêdhêngipun kula mêngsah dadosa rêrêmponing ayuda. Tuwan dêlèr ing Samarang mangsuli sarta angrêrapu: Kangjêng pangeran, jêngandika prayogi kèndêl kemawon rumiyin, ing mangke siti dhusun bawahing Ngayogyakarta tuwin bawahing Surakarta ingkang taksih wontên ing jêngandika punika kula lulusakên, sapintêna langkunganipun lulusa dados kagungan jêngandika. Titi tampining dhawuh punika ing dintên Kêmis Paing tanggal kaping 6 wulan Rêjêb ing taun Alip, sinangkalan rupa wadana rasa tunggalSengkalan: rupa wadana rasa tunggal (Kêmis Paing, 6 Rêjêb 1691 A.J., Kamis, 19 Desember 1765 A.D.). = (1681).1691. Kajawi punika Pangeran Adipati Mangkunagara dipun arêm-arêmi dhatêng tuwan dêlèr ing Samarang, tuwin tuwan oprup ing Surakarta.

Nahên ta, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara kagungan abdi tiyang saking [sa...]

--- 187 ---

[...king] Ngayogyakarta nama Sêtraprawira, sangêt dipun sihi dhatêng kangjêng pangeran. Kalampahan ngantos kaganjar dados punggawa, kaparingan nama sarta sasêbutan Ngabèi Matangrasa.

Nuju satunggaling dintên, Ngabèi Matangrasa wau saos wontên salêbêting capuri dalêm ing kadipatèn Mangkunagaran, kamipurun nyolong kalangênanipun kangjêng pangeran, manggung tiyang têtiga, 1. nama Bok Ajêng Kasiyah, 2. Bok Ajêng Tambiyah, 3. Bok Ajêng Amiyah, mêdalipun saking capuri mènèk pagêr banon, sarana ôndha. Sarêng sampun wontên jawi lajêng katumpakakên kapal kalihan rêrikatan, wanci jam 6 enjing dumugi ing dhusun Tangkisan.

Kacariyos, kangjêng pangeran sarêng midhangêt palapuranipun abdi ing bab punika, sakalangkung dukanipun, sanalika têdhak dhatêng ngloji kapanggih tuwan oprup, ngaturi pariksa ing bab wau, sarta sampun sagêd angintên, yèn pun durhaka wau saking pandamêlipun Pangeran Adipati Anom ing Ngayogyakarta, kêtitik saking walèhing lêlampahanipun pun durhaka. Sarèhning sampun têtela piawonipun tiyang ing Ngayogyakarta, mila kangjêng pangeran nêdha lilahipun tuwan oprup, ing Ngayogyakarta sumêdya kagêbag ing prang. Tuwan oprup mangsuli kalayan angarih-arih, têmbungipun: Kangjêng pangeran, panjênêngan kula aturi nyarèhakên panggalih, saha narimaha rumiyin, pratingkah ingkang durhaka punika mratandhani badhe curêsing lêlampahan, wangsul tiyang ingkang têguh panggalih punika nelakakên kombuling darajadipun, sarta badhe lulus ing kaluhuranipun. Kangjêng pangeran panggalihipun lajêng lilih, tumuntên kondur.

Gêntos ingkang kacariyos, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, [Sura...]

--- 188 ---

[...karta,] kataman gêrah santêr, lajêng nimbali ingkang raka Pangeran Adipati Mangkunagara sampun kalampahan sowan: ingkang raka kakarsakakên lênggah cakêt, sang prabu lajêng ngandika: Kakang mas adipati, sarèhning sakit kula punika sampun rêkaos, botên langkung kula mêling dhatêng kakang mas, yèn kula tinêkakake ing janji ingkang putra Pangeran Adipati Anom, masaboronga kakang mas adipati kalampahanipun jumênêng ratu anggêntosi kula.

Aturipun Pangeran Adipati Mangkunagara: Inggih yayi prabu, sampun kathah-kathah ingkang kagalih saha kuwatos, prakawis putra paduka anggèr Pangeran Adipati Anom ingkang ngêmong kula.

Sasampunipun makatên, gêrahipun sinuhun saya santêr, kalajêng dumigi surud, amarêngi ing wulan Bêsar taun Jimakir, sinangkalan warsa rupa swara tunggalSengkalan: warsa rupa swara tunggal (1714 A.J., 1787/88 A.D.). = 1714. Garwa putra tuwin para parêkan salêbêting kadhaton, umung sami nangis, layon lajêng kaupakara sampun paripurna, tumuntên kaangkatakên sumare ing astana Imagiri. Wondene pakurmatanipun botên siwah kados adat panjênêngan dalêm nata seda.

Gêntos kacariyos, Tuwan Yan Ngrepe idêlèr ing Samarang rawuh ing Surakarta, pêrlu badhe anjumênêngakên nata Pangeran Adipati Anom, lajêng andhawuhakên ing dintên ingkang tinamtu. Radèn Adipati Mangkupraja ugi sampun andhawuhakên dhatêng para putra santana, tuwin para bopati sapanêkaripun sadaya, dumugi ing dintên Sênèn sami sowan pêpak wontên ing pagêlaran. Pangeran Adipati Mangkunagara sowanipun dhatêng karaton nitih kareta kajajaran para prajurit tuwin para priyantun anggalur botên pêdhot, kasambêtan upacara ing kadipatèn Mangkunagaran, lajêng kampir dhatêng ing ngloji [nglo...]

--- 189 ---

[...ji] sêsarêngan kalihan tuwan idêlèr, rawuh ing pagêlaran kaurmatan ungêling gôngsa tuwin drèl, sinauran mariyêm mawantu-wantu. Tuwan idêlèr lajêng malêbêt ing kadhaton, Pangeran Adipati Mangkunagara kèndêl wontên ing pagêlaran. Ing ngriku Pangeran Adipati Anom miyos saking kadhaton, lajêng kanthèn asta tindak dhatêng ing pagêlaran kalihan tuwan idêlèr, dumugi ing bangsal pangrawit sami lênggah ing kursi jajar kalihan Pangeran Adipati Mangkunagara. Tuwan idêlèr tumuntên angêpyakakên, Kangjêng Gusti Adipati Anom jumênêng nata, jêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 4, Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalipattolah ing Surakarta. Ingkang sinuhun lajêng kalênggahakên ing dhampar, pangulu sakancanipun tumuntên sami andonga nurbuwah. Sarampungipun, tuwan idêlèr maos sêrat prajanjian saking Batawi, satamating pamaoas kaurmatan ungêling mariyêm ing loji kaping 21 rambahan, punapa malih kaurmatan ungêling gôngsa binarung ungêling mariyêm ing alun-alun ngantos ambal-ambalan. Titi jumênêngipun amarêngi ing dintên Sênèn Paing tanggal kaping 29 wulan Bêsar ing taun Jimakir, sinangkalan bayu putra nitih janmaSengkalan: bayu putra nitih janma (Sênèn Paing, 29 Bêsar 1714 A.J., Selasa, 30 September 1788 A.D.). = 1714. Ingkang sinuhun tumuntên kondur angadhaton, ingkang sami sowan lajêng bibaran, tuwan dêlèr wangsul dhatêng ing ngloji, sarêng sampun sawatawis dintên lajêng kondur ing Samarang.

Sajumênêngipun nata Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping 4, punika tataning nagari kathah ingkang dipun ewahi, botên kados swargi Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping 3, kados ta: panganggenipun abdi dalêm prajurit, suwaunipun cara Walandi, samangke kasantunan cara Jawi, sabên ing dintên Jumuwah botên towang tamtu miyos Jumuwahan dhatêng ing masjid, [ma...]

--- 190 ---

[...sjid,] sabên ing dintên Sabtu manawi miyos watangan sadaya ingkang sami sowan katamtokakên ngangge kêthu sarta surban (srêbanan) amargi wêkdal punika ingkang sinuhun sawêg kêncêng sangêt dhatêng agami Islam, sampun botên pisan-pisan karsa ngunjuk unjuk-unjukan ingkang kêras, dene ingkang kaunjuk amung wedang. Mila makatên, ingkang sinuhun kagungan abdi kêkasih tiyang nênêm: 1. nama Radèn Santri, 2. Pangeran Panêngah, 3. Radèn Wiradigda, 4. Radèn Kandhuruan, 5. Kyai Bahman, 6. Kyai Nursalèh. Tiyang nênêm wau sami kacêlakakên dhatêng ingkang sinuhun, minôngka pinisêpuh dados têtantunan, sabên dalu kakarsakakên ngadhêp wontên ing ngarsa dalêm. Para abdi punggawa wadana mangandhap dumugi mantri, ingkang kêrêp dhatêng ing loji sami kasikokakên, utawi kaundur saking kalênggahanipun, kadakwa kirang mituhu dhatêng parentahing sarak. Abdinipun ingkang sinuhun para wadana kadhawuhan ngingoni dhatêng para mantri, ingkang sami giliran andêrês Kuran wontên ing kadhaton.

Kacariyos, Tuwan Harsing, oprup ing Surakarta, kêrêp mara tamu dhatêng ing Mangkunagaran, rêmbagipun sumêdya anggêguru prakawis agami Islam dhatêng ingkang sinuhun, awit mirêng pawartos bilih ingkang sinuhun ngurung tiyang nênêm ingkang marsudi dhatêng sarak, ingkang sampun kasêbut ing nginggil, punika ingkang kaanggêp. Pangeran Adipati Mangkunagara inggih nêmênakên mênggahing pawartos wau.

Anuju satunggaling dintên, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, miyos siniwaka ing pagêlaran, maringi pangkat pangeran dhatêng ingkang rayi kêkalih, 1. ingkang sêpuh Radèn Mas Tala, kaparingan asma Pangeran Arya Mangkubumi. 2. ingkang nèm Radèn Mas Sayidi, kaparingan asma Pangeran Arya Buminata. Sarampungipun lajêng jêngkar, tumuntên utusan [utusa...]

--- 191 ---

[...n] ngaturi uninga dhatêng ingkang eyang Sinuhun Sultan ing Ngayogyakarta. Punika andadosakên dukanipun kangjêng sultan, dene asmanipun lami kangge namanipun pangeran enggal, botên mawi nyuwun palilah rumiyin. Utusan ing Surakarta lajêng katundhung wangsul, dumugi ing Surakarta matur dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, bab punika wau andadosakên dukanipun kangjêng sultan.

Kocapa ing Ngayogyakarta, sawangsulipun utusan ing Surakarta, kangjêng sultan lajêng parentah dhatêng para punggawa, siti-siti bawahing Surakarta ingkang cêlak kalihan bawahing Ngayogyakarta, sami kadhawuhan ambêsmèni, sarta kajarahana, makatên wau sampun kalampahan, ngantos ngrayut siti bawah Mangkunagaran. Para tiyang bawah Mangkunagaran sami sowan ngaturi uninga dhatêng Pangeran Adipati Mangkunagara, bab tingkahipun punggawa ing Ngayogyakarta.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, sarêng midhangêt aturipun abdi tampingan wau sakalangkung gêtêr ing panggalih, sanalika lajêng nimbali Ngabèi Rôngga Panambangan, tuwin Tumênggung Suryanagara ing Kaduwang, sampun sami dhatêng, kangjêng pangeran ngandika: Kowe padha dak paringi sumurup, saka palapurane bocahku tampingan ing tanah Mataram, bumi bawah Surakarta utawa ing Mangkunagaran, padha dijarah-rayah sarta desane padha diobongi dening bocahe rama sultan angingYogyakarta.ing Ngayogyakarta. Yèn kaya mangkono karsane iya bangêt sokurku, dhasar wis dakkarêpake dadia mungsuh, ing mêngko kowe dak ajani padha nagiha potang, sarta malêsa piala marang wong Ngayogyakarta iku, wis mangkata mung iku dhawuhku, poma aja mindho gawe.

Ingkang sami dhinawuhan tanggap nyêmbah lajêng bidhal sawadyanipun, sadaya

--- 192 ---

wadyanipun sampun sami nandhang wangsit pamatahing lampah sarta anggènipun pacak baris, sami sêngadi anêdha konduripun Kangjêng Ratu Bandara, kalampahan siti bawah ing Ngayogyakarta gêntos kenging karayutan dening wadya ing Mangkunagaran, dhusun-dhusun sami kabêsmenan, barang tuwin rajakaya sami kajarah rayah, têmah gègèr apuyêngan.

Gêntos kawuwusa, Ingkang Sinuhun ing Surakarta, ugi sampun midhangêt pawartos saking palapuranipun wadya tampingan, bilih kagungan dalêm siti dhusun bawah Mataram ingkang cêlak kalihan bawahing Ngayogyakarta, sami risak saking pandamêlipun ingkang eyang kangjêng sultan. Ingkang Sinuhun ing Surakarta sakalangkung dukanipun, lajêng paring pawartos dhatêng Radèn Santri tuwin Pangeran Panêngah sakancanipun tiyang 6, sarta paring dhawuh: Kowe kabèh kapriye mungguh pamikirmu, bab karsane eyang kang mangkono mau mêtu saka panggalihe dhewe apa rujuk karo Kumpêni, sabab sumêdya daklawani pêrang.

Aturipun ingkang sami tinantun: Gusti, mugi sampun enggal-enggal anandhingi pêrang, margi paningalipunkatingalipun. kirang prayogi, mila kêdah sarana kapatitisakên saha kagalih sarèh rumiyin, supados lêmbat êmpaning panggalih. Kalihan malih kula mirêng, bilih uwa dalêm Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara samangke sampun tiwikrama, ingkang jalaran inggih ing bab punika, abdinipun sampun kaajanan nêluk-nêlukakên dhatêng para tiyang bawahing Ngayogyakarta. Mila samangke aluwung kagaliha pakantukipun. Prakawis punika prayogi lajêng prasabên amasrahakên nagari dhumatèng uwa dalêm Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, supados angrisaka utawi ambêdhaha nagari Ngayogyakarta, wondene sapintên prabeyanipun panjênêngan dalêm ingkang

--- 193 ---

sinuhun ingkang nyagahi. Manawi sagêd kalampahan nagari Ngayogyakarta bêdhah, ingkang sinuhun ingkang untung sangêt, sabab nagari ing Ngayogyakarta sabawahipun sadaya badhe kondur wontên ing asta dalêm sadaya, dene manawi uwa dalêm ingkang kasoran, panjênêngan dalêm inggih mêksa taksih kagungan untung, amargi siti ing Mangkunagaran 4000 karya ugi badhe kondur ing asta dalêm malih.

Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan midhangêt aturipun Radèn Salèh tuwin Pangeran Panêngah sakancanipun makatên wau, dahat andadosakên suka pirênaning galih, lajêng mituruti. Nuju ing dintên malêm Akat Pon tanggal kaping 2 wulan Sura ing taun Jimawal, sinangkalan, pandhita wadi swara ajiSengkalan: pandhita wadi swara aji (Akat Pon, 2 Sura 1717 A.J., Minggu, 12 September 1790 A.D.). = (1717) ingkang sinuhun têdhak nyalamur dhumatèng ing Mangkunagaran.

Tindakipun ingkang sinuhun anjujug ing dalêmipun Pangeran Arya Prabu Prangwadana, Pangeran Adipati Mangkunagara tumuntên sowan manggihi sang prabu, ingkang sinuhun ngandika kathah-kathah, bab kalampahanipun pêrang kaborongakên ingkang uwa Pangeran Adipati Mangkunagara, sarta sapintên têlasing beya sampun sumêlang, inggih sang prabu ingkang badhe amaringi. Pangeran Adipati Mangkunagara mangsuli: Sang prabu atur kula inggih sandika, badhe nglampahi punapa ingkang dados karsanipun ingkang sinuhun, nanging pun uwa cumadhong dhawuh prajanji, ingkang mantêp ujar sapisan sampun ngantos ngoncati, kula ingkang sadarmi nglampahi.

Ingkang sinuhun anyanggêmi kalihan mantêp botên angoncati ujar sapisan, supatanipun: Yèn botên têmêna, sarta yèn botên mantêpa, amanggiha cuwa ing salami-laminipun, sasampunipun makatên, kangjêng susuhunan lajêng pamit kondur. Pangeran Adipati Mangkunagara tuwin Pangeran [Pa...]

--- 194 ---

[...ngeran] Arya Prabu Prangwadana, andhèrèkakên dumugi ing regol.

Kacariyos, sapêngkêripun ingkang sinuhun, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, lajêng nimbali Ngabèi Rôngga Panambangan, kaparingan pawartos ing rawuhipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, pêrlu masrahakên sariranipun, salajêngipun kangjêng pangeran ugi sampun anyagahi, pangandikanipun: Kowe aja nutuh aku, mulane bocah-bocah kang padha pacak baris padha kirimana obat mimis, lan kalataka ngloro-ngloro, kang baris ana ing desa Pedan, kirimana kalataka papat, sarta padha parentahana aja nganti ana kang mundur, utawa aja kalah oyok, dene yèn wong Ngayogya kanthi wong Walônda, kancamu banjur konên ngunduri, wis Rôngga nuli mundura. Saunduripun Rôngga Panambangan lajêng ngradinakên dhawuh sarta maringakên sanjata tuwin obat mimis.

Gêntos kacariyos Tuwan Harsing oprup ing Surakarta, sarêng mirêng bilih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan kalihan Pangeran Adipati Mangkunagara sampun sami rukun sarta têpang rêmbag sumêdya ngrisak ing Ngayogyakarta, sarana kagêbag ing pêrang, tuwan oprup sakalangkung susah manahipun, tumuntên ngaturi uninga dhumatèng Tuwan Yan Krope idêlèr ing Samarang. Sarêng palapuran punika sampun katampèn, tuwan idêlèr enggal dhatêng ing Ngayogyakarta, dene tuwan oprup ing Surakarta katamtokakên nusul dhatêng ing Ngayogyakarta. Rawuhipun tuwan idêlèr wontên ing Ngayogyakarta anjujug ing loji, botên dangu tuwan oprup ing Surakarta dhatêng, tuwan idêlèr lajêng dhawuh dhatêng tuwan oprup ing Ngayogyakarta, supados ngaturi kangjêng sultan rawuh ing loji, awit tuwan idêlèr badhe pêpanggihan, enggalipun kangjêng [kang...]

--- 195 ---

[...jêng] sultan mituruti têdhak ing loji kapanggih kalihan tuwan idêlèr ing Samarang, sasampunipun tata lênggah, tuwan idêlèr matur dhatêng kangjêng sultan: Kadospundi kangjêng sultan, ing samangke nagari katingal badhe wontên rarêsah malih, awit saking pandamêl paduka.

Ing ngriku kangjêng sultan sarêng mirêng aturipun tuwan idêlèr makatên wau, sakalangkung gêtêr ing panggalih, lajêng mangsuli pangandika: Tuwan idêlèr, kula botên sumêdya damêl rarêsah tuwin damêl piawon, ing mangke kula punika katingal punapa kalihan Kumpêni, môngka ing ngajêng kula sampun sumpah dhatêng Tuwan Idêlèr HarêktingHarêking. wêkdal wontên ing Salatiga.

Tuwan Idêlèr Yan Krope nanting wicantên: Kangjêng sultan, paduka manut dhatêng Kumpêni punapa botên.

Wangsulanipun kangjêng sultan: Mila kula kalampahan jumênêng nata, inggih saking manut miturut kula dhatêng Kumpêni.

Tuwan Yan Krope wicantên malih: Bilih kangjêng sultan sampun miturut dhatêng kula, kula badhe tumuntên lajêng dhatêng ing Surakarta, kangjêng sultan angêntosana parentah saking kula, dene ingkang badhe kula pitados marentahakên, tuwan oprup ing Ngayogyakarta, sasampunipun rampung ing pêrlu lajêng bibaran. Kangjêng sultan kondur ngadhaton. Tuwan idêlèr kanthi tuwan oprup lajêng sami dhatêng ing Surakarta, sarawuhipun wontên ing Surakarta anjujug ing loji, tumuntên utusan ngaturi Pangeran Adipati Mangkunagara ugi sampun rawuh, abdi punggawa ingkang sami ngampil-ampil sami andhèrèk malêbêt ing loji: 1. Rôngga Panambangan, 2. Jayawidênta, 3. Jayaprakosa, 4. Jayaatkasa, 5. Jayasupônta, dene sanèsipun punika sami wontên ing jawi. Kangjêng pangeran lajêng kaajak malêbêt ing kamar ingkang lèr kilèn,

--- 196 ---

tuwan idêlèr kanthi tuwan oprup, sakalihan tuwan petor sarta tuwan posepal, kapitan drahgundêr ugi sami andhèrèk malêbêt wontên ing kamar.

Tuwan idêlèr matur dhatêng Pangeran Adipati Mangkunagara, têmbungipun: Kangjêng pangeran, jêngandika taksih nêtêpi dados putraning Kumpêni punapa murtat.

Kangjêng pangeran sarêng nampèni têmbung ingkang makatên wau, sanalika runtik panggalihipun, wadana sumaringah ringas, galak laraping paningal, tôndha yèn amêngku duka, pangraos dipun kroyoka botên sumêdya mundur, nanging ngantos dangu botên karsa ngandika, sarêng sampun sawatawis lêrêm lajêng mangsuli kalihan têmbung sarèh: Tuwan dêlèr, tuwan oprup, tuwin tuwan petor, ing wêktu niki awak kula katon punapa, têka kalêbokake ing kamar kajaga ing akèh, aku isih rumasa dadi anake Kumpêni kang wuragil, sarta wus prajanji karo Tuwan Harêking nalika ana ing Salatiga, têka isih disujanani.

Tuwan dêlèr sakalihan tuwan oprup sumêrêp, bilih Pangeran Adipati Mangkunagara sêmu duka, lajêng sami ngrêrapu, têmbungipun: Kangjêng pangeran, mugi sampun kalintu ing panampi, saudara jêngandika para wadya Walandi anggènipun sami anjagi wontên ing ngarsa jêngandika, punika muhung amrih kawilujênganipun kangjêng pangeran, utawi rumêksa kawilujênganipun pulo Jawi, liripun makatên, kula kumapurun matur: Punapa têmên panjênênganipun kangjêng pangeran sumêdya anggêbag pêrang ing nagari Ngayogyakarta, sabab saking Kangjêng Ratu Bandara kakramakakên enggal punika.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara mirêng aturipun tuwan dêlèr makatên [maka...]

--- 197 ---

[...tên] wau, sangêt gêtêr ing panggalih, dene Kumpêni sumêrêp prakawis punika, kangjêng pangeran dangu botên ngandika. Tuwan dêlèr matur malih kalayan maripih sarta nyongklok: Kangjêng pangeran sampun mawi pakèwêd, wantahipun prakawis punika punapa saking karsanipun pangeran piyambak, punapa sampun rujuk kalihan ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Pangeran Adipati Mangkunagara ngandika: Inggih tuwan dêlèr, kula sampun angsal prajanji kalihan ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, badhe kabiyantu abdinipun prajurit, manawi sagêd kalampahan bêdhah ing Ngayogyakarta, kula badhe kaparingan sapalihing nagari, mila makatên awit kula ugi botên rumaos miwiti, ingkang damêl winihing pasulayan rama Sultan ing Ngayogyakarta piyambak.

Tuwan dêlèr sarêng mirêng pangandikanipun Pangeran Adipati Mangkunagara, sakalangkung rêna panggalihipun, dene samangke sampun sagêd angsal katêrangan cêtha. Tuwan oprup wicantên: Kula mirêng yèn kangjêng susuhunan sampun tindak dhatêng dalêm Mangkunagaran rambah kaping 2. Tuwan dêlèr nyambêti: Malah kaping 3, mila kadospundi kangjêng pangeran, dene kangjêng susuhunan kagungan karsa kados makatên wau.

Wangsulanipun Pangeran Adipati Mangkunagara: Punika saking pamatawis kula kenging pangicukipun ingkang abdi santri 6, 1. nama Radèn Santri, 2. Pangeran Panêngah, 3. Radèn Wiradigda, 4. Radèn Kandhuruan, 5. Kyai Bahman, 6. Kyai Nursalèh.

Tuwan dêlèr sarêng mirêng pratelan wau saya suka ing panggalihipun, tumuntên nglarihi ngunjuk anggur, nanging kangjêng pangeran mundhut ngunjuk jênèwêr ngantos rambah kaping tiga. Tuwan dêlèr matur: Kangjêng pangeran, yèn makatên jêngandika lajêng iyasaa tangsi, mangke kula ingkang bantoni, pirantos [piranto...]

--- 198 ---

[...s] kangge griya pondhokanipun suldhadhu bôngsa kulit pêthak, tuwin griya kangge pondhokanipun para bopati pasisir saprajuritipun, punapadene krêtêg gantung sakawan pisan punika kaudhunna.

Kangjêng pangeran midhangêt pangandikanipun tuwan dêlèr makatên wau saya agêng panggalihipun, lajêng mundhut ngunjuk jênèwêr malih kalih rambahan, wangsulanipun Pangeran Adipati Mangkunagara, inggih prayogi.

Sarèhning sampun rampung pêrlunipun, Pangeran Adipati Mangkunagara sampun kalilan kondur, sawêdalipun saking kamar mariksani abdi ingkang ngampil-ampil, lajêng ngawe dhatêng tuwan oprup ing Surakarta, kapundhutan jênèwêr, abdi gangsal ingkang sami ngampil-ampil dipun larihi nigang gêlas, lajêng andumugèkakên kondur.

Sakonduripun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, tuwan idêlèr lajêng andhawuhakên dhatêng tuwan oprup ing Ngayogyakarta, abdinipun kangjêng sultan ing môncanagari, ingkang sapalih kadhawuhan ambarisi sawetan banawi Sanasèwu, dene sapalihipun abarisa sakidul kadhaton Surakarta, sarta ambêktaa mariyêm sakawan, ingkang ambêkta sêtabêl Walandi, sarampunging dhawuh tuwan oprup lajêng kalilan mantuk dhatêng ing Ngayogyakarta, tuwan dêlèr ugi lajêng kondur dhatêng ing Samarang badhe sadhiya Kumpêni ingkang badhe kakintunakên dhatêng Surakarta.

Tuwan dêlèr sarawuhipun ing Samarang lajêng ngaturi palapuran dhatêng kangjêng tuwan guprênur jendral ing Batawi, bilih nagari Surakarta samangke wontên ruwêd rêntêngipun, mila nyuwun biyantu para bopati pasisir tuwin ing Madura. Kangjêng tuwan guprênur sampun amarêngakên lajêng kadhawuhan andhawuhakên.

Gêntos kacariyos, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, sarawuhipun [sara...]

--- 199 ---

[...wuhipun] ing dalêm lajêng animbali para kamisêpuh lurahing para punggawa, sami kadhawuhan mirantos griya tangsi kangge pondhokanipun para suldhadhu Walandi kulit pêthak, tuwin mirantosi griya kangge pabarisanipun para tiyang Madura kalayan enggal-enggalan, awit tuwan dêlèr wangsulipun dhatêng Surakarta badhe ambêkta prajurit warni kalih wau. Sarêng sampun rampung anggènipun dhêdhawuh sami kalilan mundur, ing ngriku wiwit tata-tata.

Nahên ta malih, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, anampèni palapuranipun para abdi ingkang sami pacak baris wontên ing dhusun Pedan, bilih prangipun kasêsêr binujêng dening mêngsah ngantos dumugi sawetaning lèpèn Dêngkèng, prajurit ingkang tatu 15, ingkang pêjah 12. Kangjêng pangeran lajêng utusan ngunjuki uninga dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kalihan anagih prajanji nyuwun biyantu.

Nalika samantên Tuwan Oprup Harsing ing Surakarta, dipun gêntosi Walandi saking Japara, wasta Tuwan Oprup Yohan Baron pan Leye. Punika sakalangkung ajrih asih dhatêng Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, kaakên sarta kaanggêp têtêp dados putranipun Kumpêni ingkang wuragil.

Kacariyos, Tuwin Dêlèr Yan Krope saking Samarang dhatêng ing Surakarta, kanthi tuwan dêlèr prang 2, tuwan dêlèr lautan 3, tuwan mayor rèkên, kalihan karerehanipun suldhadhu Walandi kulit pêthak 1500, prajurit tiyang Kêling Malar Makasar 1000, tuwin prajurit tiyang Madura 1000. Sarêng sampun sami dhatêng sadaya, pangagêng para tuwan dêlèr sapanunggilanipun, sami tindak dhatêng ing Mangkunagaran. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara mapagakên wontên ing regol, lajêng têtabean, saha tumuntên kaacaran lênggah ing kursi wontên pandhapa, [pandha...]

--- 200 ---

[...pa,] kang sugata pangunjukan, ing ngriku tuwan dêlèr sapanunggilanipun sami karsa ngunjuk jênèwêr sêsarêngan kalihan kangjêng pangeran nyatunggal gêlas, kangjêng pangeran lajêng malêbêt ing dalêm, ingkang putra Kangjêng Pangeran Prabu Prangwadana kadhawuhan manggihi para tamu wau, sarêng kangjêng pangeran adipati sampun wontên salêbêting dalêm, anata sêlir manggung kêtanggung kathahipun 60 tiyang, sami kabusanan sinjang cindhe abrit, sumêkan banguntulak têpèn, rasukan satin ijêm pranakan, mawi pênding, gêlung agêng cundhuk mêntul, nigang iji, tuwin cundhuk sêrat tanggalan, kalung krêga anggendhong pandêlar ngêmban karbin, sasampunipun katata kori agêng ing dalêm lajêng kaêngakakên, ing ngriku kangjêng pangeran adipati angumêndhiri kalihan ngasta têkên kajêng waru kados panjalin kaêcap, kapala mawi kaponthang jêne. Prajurit èstri malampah sakawan-sakawan, mêdal saking dalêm, ingkang wontên ngajêng tambur 4, slomprèt 4, tuwin suling 4, kaungêlakên sarêng. Para tuwan tamu sarêng miyarsa suwaraning tambur slomprèt suling wau, sami kagèt jumênêng ningali prajurit ingkang mêdal saking dalêm, sarêng lampahipun dumugi ngajêng paringgitan, kangjêng pangeran adipati kumêndhir malih, prajurit kèndêl majêng mangidul sap nênêm, tumuntên dipun kumêndhiri drèl, rambah kaping 3, ing dalêm sarambahanipun ungêling drèl sagêd sarêng rêmpêg, sakèndêling drèl tambur slomprèt tuwin suling sami kaungêlakên urmat, ing ngriku andadosakên suka eramipun para tuwan tamu, katitik sami goyang kêpala (gèdhèg-gèdhèg). Satêlasing pakurmatan, kangjêng pangeran adipati kumêndhir supados prajurit wangsul malêbêt ing dalêm, botên dangu kangjêng pangeran adipati miyos manggihi para tamu dhatêng pandhapa malih, tuwan dêlèr sakancanipun para tuwan sadaya sami têtabean, saha [sa...]

--- 201 ---

[...ha] ngaturakên tarima kasih dhatêng kangjêng pangeran adipati. Tuwan Dêlèr Yan Krope tumuntên angandika: Kangjêng pangeran adipati, kula masrahakên ingkang saudara Tuwan Mayor Rèkên, tuwin Kapitan Krisman dalah saprikancanipun suldhadhu Walandi kulit pêthak 200, sêtabêl Walandi 80, mariyêm 6, suldhadhu tiyang Kêling 60, Makasar tuwin Bogis 60, punapa malih Pangeran Panji Suradiningrat saprajuritipun Madura 1000, sami kula purih rumêksa kangjêng pangeran wontên ngriki. Kangjêng pangeran adipati amangsuli: Inggih, lajêng matur dhatêng tuwan dêlèr: Sarira kula punika ingkang kagungan, bapa kula tuwan dêlèr têtiga, utawi kangjêng tuwan guprênur jendral, punapa ing sakarsanipun kula sandika badhe anglampahi. Tuwan dêlèr têtiga amangsuli: Yèn kangjêng pangeran adipati sampun miturut sarta narimah, Kumpêni saèstu amitulungi kaluhuranipun kangjêng pangeran adipati. Kangjêng pangeran adipati mangsuli: Inggih nuwun, lajêng matur dhatêng tuwan dêlèr: Yèn kula tinêkakake ing janji, enjing sontên, utawi pêjah pêrang, putu kula Pangeran Prangwadana punika ingkang kula kêkudang anggêntosana, amargi sampun kula pêndhêt anak, supados anglênggahana klasa gumêlar lungguhan kula. Tuwan dêlèr tuwin tuwan oprup, punapadene tuwan petor sami anêksèni sarta anyagahi sadaya, sarampunging pangandikan, para tuwan wau lajêng têtabean sami pamit mantuk dhatêng ngloji.

Sapêngkêripun tuwan dêlèr tuwin para tuwan-tuwan, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, lajêng nimbali ingkang putra Kangjêng Pangeran Prabu Prangwadana tuwin Ngabèi Rôngga Panambangan, sarêng sampun sami sowan, kangjêng pangeran adipati ngandika: Thole Prangwadana, apadene Rôngga [Rông...]

--- 202 ---

[...ga] Panambangan, kowe aja padha angeman waragad utawa kangelan, ngêmungna angeman marang aku bae, iya iku rumêksaa ing kalingsêmanku, mara Rôngga Panambangan papakna ing ngêndi prayogane pondhokane tuwan mayor lan tuwan kapitan iku, apadene panggonane suldhadhu bôngsa kulit putih, utawa wong Kêling, Bogis, Makasar lan Madura, padha pisahên sabangsane dhewe-dhewe. Aturipun Rôngga Panambangan: Gusti manawi kaparêng saking karsa dalêm, prayoginipun ingkang saudara tuwan mayor kalihan tuwan kapitan, kula pondhokakên ing griyanipun abdi dalêm urdênas Walandi Tuwan Pit, suldhadhu Walandi kulit pêthak kula pondhokakên ing pasowanan jawi manggèn sisih kilèn sapalih, sisih wetan sapalih, ing ngriku sampun kasadhiyanan patilêman, dalah kulah kakusipun. Dene prajurit tiyang Kêling, Makasar, Bogis, kawula pondhokakên sakidulipun kerêtêg ngajêngan, kilèn radinan sapalih, wetan radinan sapalih, patilêman jamban tuwin kakus ugi sampun mirantos. Dene Pangeran Panji ing Madura, dalah saprajuritipun Madura, kula pondhokakên salèring pêkên Lêgi, pondhok Banyumasan. Dhawuhipun kangjêng pangeran sampun kalêrêsan, lajêng kalilan mapanakên ing pondhokanipun piyambak-piyambak, punapa malih prakawis sêsêgahipun sadaya wau Rôngga Panambangan kadhawuhan anyumêrêpi piyambak sampun ngantos wontên ingkang kêkirangan, ingkang putra Kangjêng Pangeran Prabu Prangwadana enjing sontên kadhawuhan manggihi tuwan mayor sarta tuwan kapitan, sasampunipun rampung sadaya ingkang sami tampi dhawuh lajêng kalilan mundur.

Ngabèi Rôngga Panambangan lajêng angrukti pasugatan, para pangagêng tuwan-tuwan dalah têdhanipun wadyabala, ingkang katur Tuwan Mayor Rèkên, sadintênipun [sadintê...]

--- 203 ---

[...nipun] warni lêmbu 4 menda gèmbèl 4 kambangan 40 ayam 120, tigan ayam 200 tuwin uwos 400 dangan, yèn wanci jam 9 enjing warni tumpêng 400, jam 5 sontên ugi tumpêng 400. Ingkang dhatêng Pangeran Panji Suradiningrat, lêmbu 1, menda 3, kambangan 100, ayam 100, uwos 200 dangan, yèn jam 9 enjing tumpêng 500, jam 5 sontên ugi tumpêng 500.

Ing ngriku tuwan mayor anata mariyêm dalah wadyabalanipun, wontên margi parapatan ing pêkên Pon, mariyêm ingkang 2 kaajêngakên mangidul, kajagi tiyang sêtabêl 8, suldhadhu Walandi kulit pêthak 24 tiyang, mariyêm ingkang 2 majêng mangetan, kajagi tiyang sêtabêl 8, suldhadhu Walandi kulit pêthak 24 tiyang. Mariyêm ingkang 2 majêng mangilèn, kajagi tiyang sêtabêl 8, suldhadhu Walandi kulit pêthak 24 tiyang, sadaya ingkang sami jagi punika botên kenging cucul pangangge siyang dalu, lampahipun giliran sabên satêngah jam.

Tuwan Mayor Rèkên animbali Pangeran Panji ing Madura, sarêng sampun dhatêng kadangu, têmbungipun: Pangeran sampeyan ambêkta prajurit pintên, wangsulanipun Pangeran Madura: Kula ambêkta prikônca prajurit 1000, ingkang 600 dêdamêlipun tumbak, ingkang 400 dêdamêlipun sanjata. Tuwan mayor lajêng dhawuh: Pangeran Panji, sampeyan prentahake dhatêng prikônca sampeyan, yèn wayah jam 5 sontên, sampeyan abarisa wontên têngah pasar Lêgi. Pangeran Panji matur sandika angestokakên.

Kacariyos, barisan ingkang saking Ngayogyakarta, sampun dhatêng

--- 204 ---

manggèn sakiduling Kadhawung, bêkta mariyêm 4 dalah sêtabêl Walandi saking Ngayogyakarta, ingkang mangagêngi 1. Radèn Tumênggung Natayuda, 2. Radèn Tumênggung Jayawinata, 3. Radèn Tumênggung Jayawikrama, dalah prajuritipun lêbêt, tuwin môncanagari.

Barisan ingkang dhatêng saking pasisir, lajêng manggèn ing Sanasèwu sawetaning bênawi, bêkta mariyêm dalah sêtabêlipun Walandi saking Rêmbang, pangagêngipun 1. Radèn Rôngga Prawiradirja ing Madiun, 2. Radèn Tumênggung Mangunrasa ing Padhangan, 3. Radèn Tumênggung Mangunnagara ing Garobogan, 4. Radèn Tumênggung Nitinagara ing Jipan, dalah wadya prajurit arahan.

Kacariyos, tuwan dêlèr têtiga sami pirêmbagan, sumêdya nyuwun abdinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, tiyang nênêm, 1. Radèn Santri, 2. Pangeran Panêngah, 3. Radèn Kandhuruan, 4. Radèn Wiradigda, 5. Kyai Bahman, 6. Kyai Nursalèh. Sasampuning golong rêmbagipun, tuwan oprup kalihan tuwan petor ingkang kautus malêbêt ing kadhaton, pinanggih ingkang sinuhun, tuwan oprup umatur: Pisowan kula ing ngarsa paduka kautus tuwan dêlèr, sapisan ngaturakên ingkang tabe, kaping kalih kautus nyuwun abdi paduka 1. Radèn Santri, 2. Pangeran Panêngah, 3. Radèn Kandhuruan, 4. Radèn Wiradigda, 5. Kyai Bahman, 6. Kyai Nursalèh.

Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sarêng nampèni utusanipun tuwan dêlèr, panggalihipun gêtêr kagèt sêmu duka, lajêng ngandika: Oprup, petor, matura mênyang tuwan dêlèr, baturku nênêm mau padha wong santri, ora dadi abahane nagara, gawene mung mratakake agama, anêtêpake uwong kapurih sêmbahyang, yèn mêksa dijaluk, sapele [sape...]

--- 205 ---

[...le] prakarane. Nanging tuwan oprup angudi sangêt-sangêt ing panyuwunipun, wangsulanipun ingkang sinuhun: Oprup lan petor, padha muliha dhisik, matura tuwan dêlèr, sapungkurmu dakpikire. Tuwan kêkalih sami pamit lan lajêng mantuk.

Sapêngkêripun para tuwan wau, ingkang sinuhun taksih lênggah ing jawi, sangêt ing pangungunipun sarta anggagas, bab tuwan dêlèr têtiga anggènipun sami dhatêng ing Surakarta, ing ngriku lajêng anampèni palapuranipun abdi dalêm wadana lêbêt, bilih ing dhusun Kêdhawung wontên barisan agêng, ing Sanasèwu ugi wontên barisan agêng, ing dalêm Mangkunagaran inggih wontên barisan agêng, mênggah wadyanipun môncawarni Walandi, Makdhar, Bogis, Makasar, Kêling tuwin Madura, miwah pasisir kilèn. Ingkang sinuhun lajêng andhawuhakên, sadaya abdi dalêm prajurit sami botên kaparêng kesah-kesah, utawi kagungan dalêm mariyêm, sami kadhawuhan angrakit, manggèn ing margi-margi agêng wontên prapatan gadhing majêng mangetan 2, majêng mangidul 2, majêng mangilèn 2, kajagi prajurit 40, abdi dalêm abrit 100, kaparak têngên 50.

Ingkang wontên margi Bathangan, mariyêm, majêng mangidul 2, majêng mangetan 2, majêng mangalèr 2, kajagi abdi dalêm prajurit udan-udanan 100, kaparak têngên 50.

Kagungan dalêm mariyêm ingkang katata margi prapatan ing Cayudan, ingkang 2 majêng mangalèr, ingkang 2 majêng mangilèn, ingkang 2 majêng mangidul, kajagi prajurit 40, abdi dalêm cêmêng 100, abdi dalêm kaparak kiwa 50.

Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan panggalihipun taksih têtêg, taksih panggah aprayitna, ing sabên dalu botên towong ingkang sinuhun tindak angrondhani [a...]

--- 206 ---

[...ngrondhani] piyambak dhatêng panggenanipun para abdi dalêm prajurit.

Anyariyosakên kagungan dalêm mariyêm nama Kyai Pôncawara, nalika kangge pêrang wontên ing Kartasura buntêt, punika cariyosipun kalêbêt dukaning nagari, jinôngka, sapa-sapa kang bisa ambolong marang Kyai Pôncawara, iku bakal jumênêng ratu lêlananging jagat.

Kacariyos, tuwan oprup kalihan tuwan petor, anggènipun sowan ingkang sinuhun ngantos rambah kaping tiga, dipun kèngkèn tuwan dêlèr, nyuwun tiyang nênêm wau. Panggalihipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan taruna taksih têtêg, têksih kêkah tur taksih panggah, ing sabên dintên kalihan kasukan lêlangên bêdhayan wontên ing pandhapa agêng. Sarêng nalika malêm Anggara Kasih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan tindak dhumatèng panggenanipun Kangjêng Kyai Pôncawara, kadhèrèkakên Radèn Santri, tuwin Pangeran Panêngah sarta tiyang santri ngulama 40, sarwi ambêkta dupa 4, sajèn warni-warni katata sakiwatêngênipun kangjêng kyai maju sakawan, ingkang punika Kangjêng Kyai Pôncawara dipun jara sumbunipun, kaasta ingkang sinuhun kangjêng susuhunan pribadi, sarwi ngandika dhatêng Radèn Santri tuwin Pangeran Panêngah: Bocahku ngulama kabèh purihên padha angapalna donga subkanallahi, wong siji-sijine kaping 100, lan padha salata kajat, tasbèh loka, sarêng ing dalu wau butul jablas. Sarêng sami sadalu tumuntên mundhut kamus, saking ing ngajêng Kangjêng Kyai Pôncawara sumarowong, tiyang santri ngulama sami andonga kajat, sarêng sampun bakda ingkang sinuhun kondur angadhaton, tumuntên ingkang sinuhun kangjêng susuhunan andhawuhakên parentah, kagungan dalêm mariyêm andhungan ingkang wontên ing sitinggil, kadhawuhan ngudhunakên sadaya, katata wontên ing pagêlaran majêng mangalèr, sami dipun isèni sêndawa.

--- 207 ---

Kangjêng Kyai Pôncawara kadhawuhan ngukur lomponganipun badhe kadamêlakên mimis waja, sarta kajagenan prajurit sadaya, Radèn Santri tuwin Pangeran Panêngah sami katingal anggagrak, sami umatur dhumatèng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan: Sampeyan dalêm ingkang sinuhun sagêd ambolong Kyai Pôncawara, inggih punika ratu lêlananging jagat, manawi ngadhaton ing sawetanipun bênawi, salèripun padhusunan ing Bêkonang, punika badhe jumênêng karaton waliyolah.

Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan angandika: Puluh mangkonoa kae kowe wong 6, padha dijaluk ing Walônda, apa kowe padha dakkukuhi, apa kowe dakulungake apa kapriye bakal dak labuhi.

Aturipun Radèn Santri tuwin Pangeran Panêngah: Ingkang punika kangjêng susuhunan prayogi kaulungakên, tiyang punapa kula, tiyang sêmut, tiyang rayap, olèng-olèng, utik-utik, botên pantês yèn kula dipun kêkahana, dipun labuhi ing sang prabu.

Ananging manawi ingkang sinuhun lingsêm amaringakên, sabab panjênêngan ratu agung binathara, agêng inggil tur kusuma rêmbêsing madu, môngka abdine wong 6, tur padha kinasih padha dibônda Walônda diulungake marang wong kapir, ingkang punika ingkang sinuhun kangjêng susuhunan eca lêlangên kasukan, sarta tayuban wontên ing pandhapa agêng, ing sabên dalu lèdhèkipun lare jalêr.

Kacariyos, Kangjêng Pangeran Arya Purubaya, akalihan Kangjêng Radèn Adipati Jayaningrat, sami sowan ingkang sinuhun dhatêng karaton, dipun panggihi wontên ing pringgitan, sami pinarak ing jarambah, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ngandika: Wontên karsanipun punapa rama Pangeran Purubaya, dene wangunipun têka gêtêr, apadene kowe

--- 208 ---

kakang Jayaningrat, tumuntên Kangjêng Pangeran Arya Purubaya ngandika matur kalihan muwun, akêkotos: Sunan-sunan, kowe wêlasa ing aku gèr, wêlasana bocah-bocahmu kabèh gèr, lan angemana nagaramu, lan sapa wonge sing koandêlake gèr, anadhahi budi lan karosane uwakamu kakang mas Pangeran Adipati Mangkunagara, nadyan suwargi bapakamu kakang mas sinuhun wêgah, suwargi eyangamu bapak iya kalah, galo kangjêng sunan, uwakamu kakang mas Pangeran Adipati Mangkunagara dijago-jago karo Walônda, kang nêdya angêbrêki karatonmu, dene yèn ana panjaluke Walônda tuwan dêlèr bocahmu nênêm iku wènèhna gèr, ulungêna lan cêkêlên bandanên, têrna mênyang loji, ngemana wêlasa mênyang baturmu kang akèh-akèh.

Ing nalika wêktu punika sampun takdir karsaning Allah, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4 têka miris amiyarsakakên aturipun ingkang rama Pangeran Arya Purubaya, kalihan Kangjêng Radèn Adipati Jayaningrat.

Tumuntên ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ngandika: Yèn kaya mangkono kakang Jayaningrat, iya uwis padha cêkêlana banjur pasrahna mênyang Tuwan Dêlèr Krope, lan tabeku marang tuwan dêlèr katêlu pisan paringna.

Ingkang punika Radèn Santri, Pangeran Panêngah, Radèn Wiradigda, Radèn Kandhuruan, Kyai Bahman, tuwin Kyai Nursalèh 6 tiyang sami kacêpêngan, kaladosakên bêbandan dhumatèng ngloji, dipun aturakên dhatêng Tuwan Dêlèr Yan Krope, kalihan maringakên tabe dalêm dhatêng kangjêng tuwan dêlèr têtiga. Wangsulanipun tuwan dêlèr tarima kasih banyak-banyak, tumuntên tiyang 6 kalajêngakên dhatêng ing Samarang, saking Samarang dipun [di...]

--- 209 ---

[...pun] lajêngakên dhatêng ing Batawi. Dene tuwan dêlèr têtiga lajêng sami sowan ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, nyuwun pamit badhe mantuk dhumatèng Samarang, saunduripun saking kadhaton wanci sontên jam 4 tindak dhumatèng ing Mangkunagaran, kalihan tuwan mayor sarta tuwan kapitan, punapadene tuwan oprup. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara gupuh amêthuk, sasampunipun bage-binage lajêng kaacaran sami lênggah, salêbêtipun wontên ing dalêm Mangkunagaran, tuwan dêlèr andhawuhakên bibar ingkang sami pacak baris sadaya, wadyabala ing Ngayogyakarta ingkang wontên ing Kêdhawung, tuwin wadyabala ing pasisir ingkang wontên Sanawèwu, sarta wadya Kumpêni ingkang wontên Mangkunagaran dalah wadya Madura, sadaya lajêng sami kalilan mantuk. Wondene Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara ingakên têtêp putraning Kumpêni.

Ing sapêngkêripun baris Kumpêni Walandi tuwin prajurit Madura sapanunggilanipun, saking Mangkunagaran, botên watawis wulan laminipun, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara nampèni arta kathahipun sadasa èwu ringgit, saking pakintunipun tuwan guprênur jendral ing Batawi, lumantar tuwan dêlèr ing Samarang tuwin tuwan oprup ing Surakarta, minôngka lintuning prabeya pandamêling panggenan dalah têdhanipun para prajurit nalika wontên ing Mangkunagaran wau, punapa malih wiwit kala samantên Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara kapanci balônja saking Kumpêni sabên wulan Mulud kathahipun kawan èwu ringgit.

Nalika samantên saking kaparêngipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, para abdinipun punggawa sami kaparingan epok, lampit sarta payung ijêm mawi sèrèt praos, dene para mantri dhusun payungipun biru sèrèt, para dêmang payungipun abrit sèrèt.

--- 210 ---

Kacariyos, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng kataman gêrah rêkaos, para pangeran tuwin para bopati sami sowan tuwi dhatêng ing Mangkunagaran, tuwan oprup ugi martuwi, sadhatêngipun ing Mangkunagaran lajêng sami kairid lumêbêt dhatêng ing dalêm dening Kangjêng Pangeran Prangwadana. Sarêng tuwan oprup sampun lênggah cêlak ing pasarean, kangjêng pangeran adipati lajêng ngandika dhatêng tuwan oprup: Saudara, lara kula kaya sampun badhe tinêkakake ing janji, ing mangke kula mung mêkas dhatêng saudara, yèn kula kalajêng surud, ingkang kula wênangakên anggêntèni putra kula Pangeran Prabu Prangwadana kayadene wêkas kula dhatêng tuwan dêlèr ing Samarang. Wangsulanipun tuwan oprup: O, inggih saudara, sampun sumêlang ing panggalih saliring wêwêling paduka saèstu kula èstokakên, mila sampun kathah-kathah ingkang kagalih.

Kacariyos, nuju ing dintên Sênèn Pon wanci jam 10 siyang, gêrahipun Pangeran Adipati Mangkunagara kalajêng seda, para èstri ing dalêm Mangkunagaran sami gumêrah nangisi dalah para putra wayah sami karuna. Tuwan Oprup Johan Baron pan dhê Redhe tumuntên dhatêng Mangkunagaran, sarwi ambêkta prajurit Walandi inpantri 24 dalah upsiripun, sarta kapalêri 14 saupsiripun, dene ingkang jumênêng nata ing Surakarta kala samantên, sampun gumantos ingkang putra, inggih punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4, ugi tindak ing dalêm Mangkunagaran, kadhèrèkakên para pangeran ing Surakarta sadaya, tuwin Radèn Adipati Jayaningrat, dalah para bopati wadana kaliwon sapanèwu mantrinipun, sarta para bopati môncanagari. Sarêng pangupakaraning layon sampun paripurna, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan lajêng kondur, kadhèrèkakên para pangeran [pange...]

--- 211 ---

[...ran] sawatawis, dene para pangeran ingkang sami botên andhèrèkakên kondur dalêm, tuwin radèn adipati sakarerehanipun, sami kantun anênggani layon.

Sarêng wanci jam 2, nunggil siyang wau layon kaangkatakên dhumatèng pasarean Mangadêg, para pangeran ing Surakarta sarta radèn adipati dalah para bopati kaliwon sami angrêmbat gêntos-gêntos, dumugi ing Gladhag kaurmatan ungêling mariyêm saking balowarti loji kaping 9, ing ngriku ingkang ngrêmbat layon lajêng dipun gêntosi dening para panèwu mantri ngantos dumugi ing Baturana, kasabrangakên ing bênawi sarana baita, dumugi sawetaning sabrangan karêmbat abdi ing Mangkunagaran, pangkat ngabèi dêmang sabawah Matesih, ngantos dumugi ing pasarean ardi Mangadêg wau, dene ingkang andhèrèkakên layon, prajurit drahgundêr Walandi kalêbêt tindhihipun sêrsan kathahipun 12, abdi dalêm Kasunanan, prajurit nirpraja dêdamêlipun waos anjajari 40, lurahipun 6, pangagêmipun bopati Kyai Tumênggung Mangkuyuda, tuwin Radèn Tumênggung Suradilaga, kaliwon Radèn Ngabèi Wôngsadirja, Radèn Ngabèi Suryaadiwijaya, panèwu mantri cacah 8. Abdi Mangkunagaran ingkang tumut ngrêmbat layon tiyang madyakrama 44, sami mangangge udhêng, rasukan, sinjang sruwal pêthak sadaya, kêtib 4, suragama 40, ingkang ambêkta waos anjajari prajurit tiyang Kauman madyan 44, prawiran 44, songsong 4, padupan 4, sawur 12 bokor, prajurit gulang-gulang 54, wontên sangajênging layon pangagêngipun Pangeran Arya Purbanagara, 2 Radèn Tumênggung Suryaditruna, tuwin Radèn Ngabèi Rôngga Panambangan kaping 2, ambêkta sawur, arta sêlawat 500 reyal, punggawa 10, lurah lêbêt 4, lurah jawi 6, dêmang 8.

--- 212 ---

Wondene para abdi ingkang botên andhèrèk, sami tuguran ing dalêm agêng Mangkunagaran, saha mirantos dêdamêl. Tuwan Oprup Baron pan dhê Redhe ugi tugur, pondhokanipun wontên ing ngandhap panggung agêng manggèn kamar kidul kilèn, dhaharipun inggih kawontênakên saking Mangkunagaran, sarta prajurit Walandi ingkang andhèrèk tugur inpantri 20, tindhih litnan, manggèn ing pandhapa anjagèni kori wetan kilèn, lampah giliran, manawi wanci dalu katutup sorog kacêpêng litnanipun. Drahgundêr 14, tindhih ugi litnan, pondhokanipun wontên balemangu, anjagi kori dalêm tuwin kori agêng ngajêngan, manawi wanci dalu katutup saha dipun kunci sorog kacêpêng litnanipun. Mênggah tumindaking panjagi ingkang makatên punika, sadangunipun dèrèng wontên ingkang gumantos jumênêng pangeran adipati.

Ing sasugêngipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara kaping 1 wau, apêputra kados ing ngandhap punika pratelanipun.

1. Putri, dèrèng nama seda., 2. Radèn Mas Sura, diwasanipun asma: Pangeran Arya Prabu Wijaya, krama angsal Gusti Kangjêng Ratu Alit, lajêng apêputra, Pangeran Arya Prangwadana, sasurudipun ingkang eyang lajêng jumênêng anggêntosi, asma: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 2 ing Surakarta., 3. Nama Radèn Ayu Sombrong, inggih Radèn Ayu Anggèr, krama angsal Radèn Tumênggung Yudanagara ing Banyumas., 4. Radèn Ayu Suryanagara, ing Kaduwang., 5. Radèn Ajêng Sri, nama Radèn Ayu Suryanagara ing Kaduwang, ngarangulu ingkang bok ayu.

--- 213 ---

6. Radèn Ajêng Sêmi, nama Radèn Ayu Ônggadirja, inggih Wôngsadirja., 7. Radèn Ayu Surya, ing Kabanaran., 8. Radèn Mas Slamêt, nama Pangeran Arya Purbanagara., 9. Radèn Ajêng Soblêm, nama Radèn Ayu Rêksanagara ing Têgal., 10. Radèn Mas Sakatun, nama Radèn Mas Suryaditruna., 11. Radèn Ajêng Srêndêp, nama Radèn Ayu Mangkukusuma., 12. Radèn Ayu Puspakusuma, ing Surakarta., 13. Pangeran Arya Padmanagara, ing Wirasaba., 14. Radèn Mas Tumênggung Arya Suryamarjaya, ing Wirasaba., 15. Radèn Mas Tumênggung Arya Suryakusuma, ing Pace., 16. Radèn Ayu Adimênggala, ing Samarang., 17. Radèn Ayu Wiryanagara, ing Lasêm., 18. Radèn Ayu Purwanagara, ing Surakarta., 19. Radèn Ayu Citrasoma, ing Pangampon Samarang., 20. Radèn Ayu Rônggasatata, ing Surakarta., 21. Radèn Mas Arya Amijayasarosa, ing Surakarta., 22. Radèn Mas Tumênggung Arya Suryakaskaya, ing Wirasaba., 23. Radèn Mas Arya Amiyajasantosa, ing Surakarta, 24. Radèn Mas Arya Jayadimulya, ing Surakarta., 25. Radèn Mas Arya Suryadilaga, ing Surakarta.

--- 0 ---

Ringkêsaning cariyos, namung kapêndhêt ingkang pêrlu-pêrlu.

Bab 1 Kaca 5 Pratelan: Sasurud dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana sapisan ing Kartasura, lajêng kagêntosan ingkang putra, inggih punika panjênênganipun nata ingkang nêdhakakên têrah-tumêrahing Mangkunagaran. / Bab 1 Kaca 6 Pratelan: Ewahing adat wiradat karaton ing Kartasura, andadosakên ruwêt-rêntênging praja. / Bab 1 Kaca 10 Pratelan: 1. Ngramanipun Pangeran Balitar, Pangeran Purbaya, tuwin Pangeran Riya. / Bab 1 Kaca 12 Pratelan: 2. Kasrakatipun nagari Kartasura. / Bab 1 Kaca 14 Pratelan: Patih Cakrajaya ing Kartasura kakunjara. / Bab 1 Kaca 19 Pratelan: Sedanipun Pangeran Balitar wontên ing Malang. / Bab 1 Kaca 20 Pratelan: Prigêlipun Tuwan Amral nyêpêng kraman Pangeran Purbaya tuwin Pangeran Riya sapandhèrèkipun sarana mawi nandukakên têmbung alus. / Bab 1 Kaca 24 Pratelan: Wêlingipun sang prabu ing Kartasura dhatêng Patih Danurêja ing salêbêtipun gêrah, dumugi sang prabu seda. / Bab 1 Kaca 25 Pratelan: Surud dalêm sang prabu atilar putra kakung putri gunggung 42. / Bab 2 Kaca 30 Pratelan: Salinthutipun Patih Danurêja kalihan Kangjêng Ratu Agêng, punapadene kirang anon rungonipun duta saking gusti, andadosakên kuciwanipun tindaking praja

--- 0 ---

Bab 2 Kaca 35 Pratelan: Pawèstri ingkang andadosakên kasangsayanipun Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, anggènipun angagêm panggalih ngarah apa, ngantos andadosakên kendhangipun, jalaran saking kirang wiyaring panggalihipun sang prabu. / Bab 2 Kaca 38 Pratelan: Patih Danurêja wontên ing Batawi susah sangêt, ngantos prasasat dipun ukum, jalaran kengis bêbudènipun ingkang botên jujur. / Bab 2 Kaca 41 Pratelan: Wêcanipun Ki Sèh Wanawasa, tiyang ingkang waskitha dhatêng darajading karaton. / Bab 2 Kaca 46 Pratelan: Patih Danurêja kacêpêng wontên ing Samarang, kinunjara lajêng kakendhang, mèh sarêng kalihan angkatipun Pangeran Adipati Mangkunagara kakendhang. / Bab 2 Kaca 49 Pratelan: Putranipun Pangeran Adipati Mangkunagara sadaya gunggung 16. / Bab 3 53 Pratelan: Risaking adil, bibrahing adat, andadosakên puyênganipun para tiyang siti, anjalari gègèring jaman, têmah karaton ing Kartasura kabêdhah dening bôngsa Cina, sang prabu ngantos kèngsêr. / Bab 3 Kaca 56 Pratelan: Wiwitipun Radèn Mas Suryakusuma atilar praja mêdal saking Kartasura, pangramanipun ngantos dumugi kêmpal kalihan Sunan Kuning kaparingan nama Pangeran Prangwadana.

--- 0 ---

Bab 3 Kaca 66 Pratelan: Lolosipun Pangeran Buminata tuwin pêthalipun Pangeran Prangwadana saking Sunan Kuning. / Bab Bab 3 66 Pratelan: Pangeran Prangwadana wiwit mangun brata wontên ing Sokawati, salajêngipun kajumênêngakên nata dening Pangeran Singasari, ajêjuluk Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara. / Bab 3 Kaca 70 Pratelan: Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara katimbalan kondur ing sang prabu dhatêng Kartasura, saha dipun paripih dening pangeran Pancuran saha sêrat ingkang sinawung ing sêkar. / Bab 3 Kaca 76 Pratelan: Pêpanggihanipun Tuwan Hogêndhorêp kalihan Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara wontên ing dhusun Picis. / Bab 3 Kaca 81 Pratelan: Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara wontên ing Panambangan jumênêng sultan jêjuluk Kangjêng Sultan Adiprakosa, Senapati Ngayuda Lêlana Jayamisesa Prawira Adiningrat, ing ngriku dhampar lajêng kasambêr ing gêlap, lajêng santun sasêbutan Pangeran Adipati Mangkunagara. / Bab ... Kaca 81 Pratelan: Pindhahipun karaton Kartasura dhatêng ing Surakarta, sarta miyosipun Pangeran Mangkubumi saking Surakarta, saèstu damêl ngêrêsing manah, tujunipun Pangeran Mangkubumi wau tiyang agung ingkang wantêr sarta dibya.

--- 0 ---

Bab 4 Kaca 84 Pratelan: Kasrakatipun Adipati Martapura. / Bab 3 Kaca 90 Pratelan: Kajuliganipun Tumênggung Surawijaya, sampun kakêpang sagêd oncat saking padunungan botên ngantos kapikut. / Bab 3 Kaca 93 Pratelan: Kasrakatipun Pangeran Adipati Mangkunagara wontên ing wana Papringan, ngantos nuwuhakên kaelokan. / Bab 3 Kaca 95 Pratelan: Pangeran Adipati Mangkunagara angsal wêwêngan. / Bab 3 Kaca 97 Pratelan: Pangeran adipati angsal sasmita sarta sagêd ambabarakên kaelokan. / Bab 3 Kaca 99 Pratelan: Pangeran Adipati Mangkunagara angsal guru ingkang linangkung sarta piwulangipun dakik sangêt, têmah tapa antuk pusaka tambur kalihan bandera ingkang langkung elok. / Bab 3 Kaca 111 Pratelan: Pangeran Arya Mangkubumi wiwit anggêbag karaton Surakarta. / Bab 3 Kaca 112 Pratelan: Suraosipun abên gêmak tuwin abên sawung. / Bab 3 Kaca 113 Pratelan: Sedanipun Radèn Ayu Sêpuh wontên ing dhusun Sênêng, wontên kaelokanipun. / Bab 3 Kaca 116 Pratelan: Kapèpètipun Pangeran Adipati Mangkunagara mêngsah Kumpêni ngantos dhawah kalêbêt ing jurang. / Bab 3 Kaca 125 Pratelan: Pangeran Arya Mangkubumi jumênêng sultan wontên ing Kabanaran.

--- 0 ---

Bab 4 Kaca 128 Pratelan: Surud dalêm sinuhun ingkang kaping 2 ing Surakarta, layon sumare ing Lawiyan. / Bab 4 Kaca 129 Pratelan: Jumênêngipun sinuhun ingkang kaping 3 ing Surakarta. / Bab 4 Kaca 144 Pratelan: Sedanipun Pangeran Adiwijaya, mastakanipun katigas dening Kumpêni. / Bab 5 Kaca 149 Pratelan: Sultan ing Kabanaran tampi makutha saking Sultan ing Rum. / Bab 5 Kaca 154 Pratelan: Kasagahanipun Sèh Ibrahim, mikantukakên panduman sapalihipun tanah Jawi dhatêng Sultan ing Kabanaran. / Bab 5 Kaca 156 Pratelan: Têtêpipun Pangeran Mangkubumi jumênêng sultan wontên ing Ngayogyakarta. / Bab 5 Kaca 157 Pratelan: Pêpanggihanipun Sinuhun ing Surakarta, kalihan ingkang rama Sultan ing Ngayogyakarta, wontên ing dhusun Giyanti, bab pambagenipun siti ing tanah Jawi. / Bab 5 Kaca 160 Pratelan: Sedanipun Adipati Pringgalaya amung mawi gêrah kalih dintên, jalaran saking wirang kawêlèhakên tindakipun ingkang botên lêrês dening tuwan oprup. / Bab 5 Kaca 162 Pratelan: Tiwasipun Tuwan Sêkèbêr pêrang wontên ing Grobogan. / Bab 5 Kaca 169 Pratelan: Sêrat paring dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta dhumatèng Pangeran Adipati Mangkunagara kala wontên ing Gumantar.

--- 0 ---

Bab 5 Kaca 171 Pratelan: Konduripun Pangeran Adipati Mangkunagara sagarwa putra tuwin para abdi sadaya dhatêng ing Surakarta. / Bab 6 Kaca 173 Pratelan: Bab pêpanggihanipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 3 ing Surakarta, kalihan Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, punapadene Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara, wontên ing Salatiga, bab pambagenipun siti tanah Jawi, kajênêngakên dening Dêlèr Harêking tuwin Pèktor ing Samarang. / Bab 6 Kaca 178 Pratelan: Pasulayanipun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, kalihan ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara ing Surakarta. / Bab 6 Kaca 186 Pratelan: Cidranipun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta dhatêng ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara, andadosakên muntabing panggalih. / Bab 6 Kaca 187 Pratelan: Sedanipun Sinuhun Pakubuwana ingkang kaping 3 ing Surakarta. / Bab 6 Kaca 188 Pratelan: Jumênêngipun sinuhun ingkang kaping 4 ing Surakarta. / Bab 6 Kaca 190 Pratelan: Dhadhakan badhe pêrangipun karaton Surakarta, kalayan Ngayogyakarta jalaran saking pamêngku. / Bab 6 Kaca 210 Pratelan: Sedanipun Pangeran Adipati Mangkunagara wontên ing Surakarta atilar putra kakung putri sadaya gunggung 25.

Isinipun Sêrat Punika

Bab 1 ... Jumênêngipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat Jawi ing Kartasura ... Kaca 5 / Bab 2 ... Lêlampahanipun Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ing Kartasura, sasurudipun ingkang rama, dumugining kakendhangakên ... Kaca 29 / Bab 3 ... Lêlampahanipun Radèn Mas Suryakusuma (Said) sapêngkêripun ingkang rama kakendhangakên, ngantos dumugining lêlana andon yuda ... Kaca 50 / Bab 4 ... Lêlampahanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, salêbêtipun dêdalêm wontên ing Panambangan (Nglaroh) ngantos dumugi pêthal kalihan Sinuhun ing Kabanaran ... Kaca 78 / Bab 5 ... Lêlampahanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, wiwit pêthalipun kalihan Sinuhun Kabanaran, ngantos dumugi konduripun dêdalêm ing nagari Surakarta ... Kaca 149 / Bab 6 ... Lêlampahanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, wiwit dêdalêm ing nagari Surakarta ngantos dumugi ing surudipun / Ringkêsaning cariyos, namung kapêndhêt ingkang pêrlu-pêrlu ... kaca 214