Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Widya Pramana, #1526

Katalog:Widya Pramana, #1526
Sambung:-

Punika Sêrat Widya Pramana, amratelakakên bêbukaning bawana, saking panganggitipun Bagawan Yogiswara ing Mamênang, utawi Bagawan Palêssara ing Ngukir Ratawu

--- 0 ---

...Tiga halaman kosong.

--- 92 ---

Punika Sêrat Widya Pramana, anggitanipun Bagawan Yogiswara ing Mamênang, utawi Bagawan Palêssara ing Ngukir Ratawu

--- 93 ---

Bab Kaping 1

Amratelakakên bêbukaning bawana, miturut saking suraosing sêrat Sastra Daryya, Pustaka Daryya punika têgêsipun, sêrat ingkang winados dening para jawata, ing môngka sampun kagêlarakên dening Sang Hyang Panyarikan. Sarta kaanggit dening Êmpu Yogiswara ing Mamênang, kacêtha wontên salêbêting pralambang, sêrat pralambang wau dipun paringi nama: Darmasunya, têgêsipun suwung utawi sêpi, mênggah pratelanipun kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika.

Mungguh gumêlaring jagad kang kapisan iku,

--- 94 ---

diarani sunyaruri, wêrdine suwung utawa sêpi, mulane mangkono titahing Pangeran durung ana kang dumadi, kang dumadi dhingin amung surya, côndra, kartika, swasana, swasana iku saikine amun-amun. Amun-amun iku minôngka dadi kêkandhanganing surya, côndra, kartika, iku mau ing jêro padha kaèbêkan dening amun-amun. Patang prakara iku langgêng kaanane, tur ora kêna owah gingsir ing salawas-salawase, apadene jêjêg ajêg ing wujude, iya iku kodrating Pangeran kang dhingin dhewe ing kaanane, papat iku padha sinungan wahyaning wahyu panguripan. Ing têmbe bakal anartani panguripan iki kabèh.

--- 95 ---

Dene kodrat papat kang wus cinaritakake ing dhuwur mau, wujud utawa gêdhe cilike apadene panguwasane dhewe-dhewe beda-beda, mungguh pratelane kaya ing ngisor iki.

1. Rêmbulan. Ujude sumunu, asêmu kuning maya-maya, kuwasane ing têmbe bakal amahanani ing rat raya iki kabèh.

2. Lintang, iku gêdhene luwih saka rêmbulan. Apadene gone kumandhang ana sadhuwuring rêmbulan. Êlêt têlung atus pandulu, ujude lintang mau biru asêmu ijo maya-maya, kuwasane ing têmbe bakal amimbuhi martaning jagad iki kabèh.

3. Srêngenge iku gêdhene luwih sêka lintang, apadene gone kumandhang [ku...]

--- 96 ---

[...mandhang] ana sadhuwuring lintang, êlêt têlung atus pandulu, ujude srêngenge iku abang amarkata, kuwasane ing têmbe bakal amahanani urub uriping jagad raya iki kabèh.

4. Swasana, iku gêdhene luwih saka srêngenge, rupane irêng mêlês amaya-maya, kuwasane ing têmbe dadi kêkandhanganing dumadi iki kabèh, swasana iku kang binasakake lêmbut tan kêna jinumput, gêdhe angêbaki jagad. Mulane binasakake mangkono swasana iku saking lêmbute, tur jêmbar têbane mêsthi anane, sawiyah para winasis padha ginawe pralampita, rôngka manjing curiga, curiga manjing warôngka,

--- 97 ---

manjing curiga, mulane mangkono swasana iku sanadyan sajroning watu iya maksih kaèbêkan dening swasana, apadene watu iku ing jaba iya ngumandhang ana sajroning swasana.

Ing sajroning kono ana alam sunyaruri, jagad iki isih jêjêm pramanêm, angin durung ana lumaku, banyu sagara durung ana tumitah, bêbasane amung suwung tumalawung tanpa ujung, amung sirat soroting srêngenge kang sumêbar angèbêki sabuwana iki kabèh, sirat soroting srêngenge mau andarbèni daya panas, lawas-lawas panasing srêngenge mau anabêti marang swasana, tabêt panasing swana, lawas-lawas tumêka [tumê...]

--- 98 ---

[...ka] ing ngantariksa, tumanduk ing rêmbulan utawa lintang, lintang rêmbulan barêng kêna dayaning panas, têmah tumuli padha kumaringêt. Dene karingêting lintang rêmbulan mau padha tiba graning gunung cakrawala, iku dumunung saimbanging bawana kang sisih lor, mungguh karingêting lintang rêmbulan mau, diarani tirta prawita, têgêse banyu kang kawitan. Barêng wus antara lawas tirta prawita mau, têmah kawawa umili tan kêndhat. Sarta banjur angubêngi sakubuking jagad iki kabèh. Ing kono tirta prawita tumuli umili, ilining tirta prawita mau, diarani tirta kamandhanu, têgêse banyu kang mili malêngkung, wujude banyu

--- 99 ---

iku putih, wus sarupa kalawan kapuking kapas. Sarta anduwèni cahya maya-maya.

Ilining tirta kamandhanu, barêng tumêka ilining jagad kang sisih kidul, têmah têmpur lan panasing srêngenge, ing kono tumuli arêbut daya, padha santosane, ing nalika nêdhêng têmpuring tirta prawita, kalawan daya panasing srêngenge, têmah amijilakên swara umung, saking kuwat sakaro-karone, têmah kawawa angobahake sabawana iki kabèh, obahing bawana barêng katêmpuk dayaning kang padha rêbut daya mau, wêkasane srêngenge lintang rêmbulan apadene swasana, padha mubêng nyakra magilingan dhewe-dhewe, [dhe...]

--- 100 ---

[...we-dhewe,] dene banyu kang têmpur karo pêpanas. Iku tanpa kêndhat ing sadina-dinane, ing kono anane rina lan wêngi.

Ing nalika iku tirta kamandhanu ilang adhême, sarta srêngenge ilang panase, sasirnaning adhêm lan pêpanas mau tumuli ngumpul ngumandhang ana ing swasana, jalantahing tirta kamandhanu, sarta jalantahing pêpanas kang kasar-kasar, padha tumurun tumus tumêka sajroning bawana, dumadi jalanidhi, wêrdine banyu kang bênêr, utawa banyu kang wantah, dene kang alus-alus padha bali marang graning gunung cakrawala manèh, mangkono ing salawas-lawase, ilining tirta kamandhanu mau, santosane kalawan daya prabawane dhewe-dhewe, prabawa iku diarani [di...]

--- 101 ---

[...arani] bayu, ewadene panasing srêngenge samono mau, iya padha mawa daya prabawa dhewe-dhewe, daya prabawa iku diarani angin. Dayaning prabawa rong prakara mau, ing nalika têmpuring tirta kamandhanu lan panas srêngenge têmah kawawa amor dadi sawiji, ing kono banjur sinêbut maruta utawa moruta, wêrdine paworing loro, maruta iku tumuli anut salakujantraning tirta kamandhanu, mulane mangkono kang awit angin iku kasoran prabawa kalawan pagèndènge kalawan banyu, dadi ing môngsa iku bawana wus kadunungan kodrat cahya, campuran rong prakara, kang dhingin banyu, kapindhone [kapi...]

--- 102 ---

[...ndhone] maruta, barêng wus mangkono kari kasêbut alam sunyaruri, ing môngsa iku diarani tirtayoga, diarani banyu tumitah, utawa tumitahing banyu kang kapisan mau, mungguh katrangane banyu kang kasêbut ing dhuwur mau ing têmbing lor lan ing têmbing kidul, kaanane banyu padha anjêndhêl. Mulane mangkono awit adoh karo sêsipataning srêngenge, kang banyune padha ajèr dadi mung ing têngah bae, ewadene banyu têngahan mau manawa kataman daya adhêming wêngi, iya bisa kumpul ing sawêtara, ananging kumpule mau ora kongsi katara, awit sôngka ing sathithike, dene kang amratandhani manawa ing môngsa wêngi, banyu iku kumpule sawêtara,

--- 103 ---

katitèn sôngka tibaning êbun. Kang sôngka ing ngantariksa, kang mêsthi wayah ing wêngi dêrêse, manawa ing wêngi bangun esuk. Môngka êbun iku hawaning banyu, kang ginêbug dening panas. Barêng bêngi kêna dayaning adhêm. Têmah kawawa kumpul. Tumuli mulih dadi banyu manèh. Mangkono mau banyu kang padha jêndhêl iku, manawa kataman dening panasing srêngenge iya amèr nanging amung sawêtara, manawa ing wayah wêngi tumuli anjêndhêl manèh, mangkono ing salawas-lawase.

Bab Kaping 2

Amratelakakên ing kasidan jati, taksih miturut suraosing sêrat Darmasunya, pangarangipun [pangarangi...]

--- 104 ---

[...pun] Bagawan Yogiswara ing Mamênang, pratelanipun kados ing ngandhap punika.

Ing sajroning jaman tirtayoga iku mau ana wahyaning wahyu panguripan, têlung prakara, siji dumunung ana ing sêndhang cakrawala, iya iku wahyuning tirta kamandhanu, ing têmbung Saskrita diarani manik, ioma, wardine urip, warnane putih umancur, loro dumunung ing maruta, rupane irêng sumorot, ing têmbung Saskrita diarani Manik Ismaya, wêrdine rêmbêsing kawêningan, têlu dumunung ana srêngenge, rupane abang ambalêrêngi, sênênaning sorot wus saengga purnamaning wulan. Diarani manik mulat, wêrdine murup. Manik katêlu iku padha rêbut daya rêbut pangyasa,pangwasa.

--- 105 ---

ingkang kawasa daya pagèndènge amung manik ioma, manik ismaya, lan manik mulat. Padha kêna pagèndènge manik ioma, kawasa campur dadi sawiji, campuring manik katêlu mau, têmahan padha ilang sipate, kang putih ilang putihe, kang irêng ilang irênge, kang abang ilang abange, wêkasan salin warna cahya biru asêmu ijo, ing kono sêsilih aran trimurti, wêrdine amoring cahya katêlu, trimurti iku têtêb bangsaning ngaluhur, pratandhane sarira cahya, gêsange tanpa suksma, utawa tanpa raga, trimurti kang binasakake urip ora ana kang nguripi, yèn têmbung Arab diarani nurcahya, yèn para budi tanah Eropa [Er...]

--- 106 ---

[...opa] padha diarani sil.

Ing nalika iku trimurti, jumujug ana samadyaning tawang, kang binasakake madyaning tawang iku alam antara, kang diarani alam antara iku mau têngah-têngahing wetan, lor kulon kidul. Utawa têngah-têngahing dhuwur lan ngisor, mungguh saikine têrusing mangisor ana sadhuwuring bumi Mêkah, ing nalika trimurti jumênêng ana ing kono sêsilih aran tri purusa, wêrdine wahyu tatêlu kang padha santosane, utawa santosaning wahyu tatêlu, mulane sasêbutane mangkono tri purusa gone jumênêng ana ing ngalam kono wus tanpa obah-obah ing salawas-lawase, sarta pêngkuh bakuh ênggone [ênggo...]

--- 107 ---

[...ne] angukuhi marang kaênêngane, utawa wimbuh-wimbuh wahyaning wahyune, ing wêkasan kawasa anarik sari sarasaning bawana jroning ngalam tirtayoga iki kabèh, apadene sirat soroting tri purusa mau, têmah padha anguripi sarupaning bêburon ing môngsa iku, dene sagunging bêburon ing nalika gone dumadi ana sajroning ngalam tirtayoga mau, kang dadi pratandhane kabèh ora ana kêna ing pati, kang awit ora bakal katabêtan marang hawa sêsukêring bumi, ing salawas-lawase, beda bêburon kang tumuwuh ana sajroning jalanidhi, ing môngsa alam iku kaanane raga iya padha andarbèni

--- 108 ---

cahya, ananging rèhning padha bakal katambêtan kêna hawaning bumi, kang mêsthi têmbene iya kêna ing pati, awit ing alam iku kêna diarani jaman kaalusan. Apadene kêna kasêbut karaton ing Siwandakara, wêrdine kabèh kang padha dumadi ana ing ngalam kono padha andarbèni cahya mancorong. Tri purusa ing sadina-dinane ora sah gone kataman dening sarining panas, utawa sarining banyu. Apadene sarining maruta, lawas-lawas sari têlung prakara mau kawawa angliputi tri purusa, barêng wus antara kandêl kumpule, sari têlung prakara iku têmah kawawa dadi kêkandhanganing tri purusa, sarta banjur diarani sarira, iya sari

--- 109 ---

hèrwwa, wêrdine sarira banyu, tri purusa barêng wis ngandhang ana sarira, tumuli sêsilih aran pramana, têgêse katon utawa wujud. Kang binasakake ujud iku sariraning pramana, ujud sarira mau, lawas-lawas tumuli agana, antara lawas manèh tumuli ana gatra manungsa, ing kono banjur kaaran bathara, wardine alus. Dadine ing samêngko pramana kêna diarani raga bathara.

Barêng wus mangkono, pramana tumuli tumuwuh ing panguwasane, kang limang prakara kang datanpa netra, kapindho kawasa anggônda, kang datan kalawan grana, kaping têlu kawasa awêcana kang datan kalawan pangandika, kaping pat kawasa amiyarsa

--- 110 ---

kang datan kalawan karna, kaping lima kawasa amirasa kang datanpa sarana, lire mangkene.

Ing nalika alam iku durung ana carane mangan turu, apadene suka lan prihatin. Kang sarta lara lan kapenak.

Pramana mau saya lawas saya wimbuh ing kasantosane, manawa rina kawasa angukut sarining srêngenge, yèn môngsa ing wêngi kawasa angukut sarining tirta kamandhanu, lawas-lawas saya wimbuh prabawane, amancorong cahyane kadya purnamaning wulan. Utawa kaya srêngenge, kang mangkono iku wus amratandhani kang sarira wahyu, dene ora obah katêmpuh sapira gêdhening [gê...]

--- 111 ---

[...dhening] maruta, ora obah katêmpuh sapira panasing baskara, ora adhêm kinum ing tirta prawita, têrange mangkene, sapira santosaning maruta, isih kalah karo santosaning pramana, sapira panasing bagaskara, isih kalah kalawan panasing pramana, sapira adhêming tirta prawita, isih kalah kalawan adhêming pramana, saya lawas-lawas manèh sirat soroting pramana mau wimbuh akèhe, utawa warna-warna rupane, ana kang abang, ana kang kuning, ana kang ijo ana kang wungu, ana kang dadu, ana kang irêng, ana kang biru, ana kang putih sapêpadhane, rêrupan samono mau, barêng padha antuk daya [da...]

--- 112 ---

[...ya] wahyuning pramana, ing wêkasan padha urip dhewe-dhewe apadene sumiwa ngabyantaraning pramana, rêrupan samono kèhe iku, ing têmbe bakal dadi wijining dumadi gone arsa amêncarake tuwuh sakèhing wiji mau diarani hapsara, yèn ing têmbung Arab diarani rohkani, manawa ing têmbung Walônda diarani sil. Para hapsara iku ing têmbe bakal dadi wiji wêwijanganing dumadi dhewe-dhewe.

Bab Kaping 3

Amratelakakên wêwijanganing wiji satunggal-tunggalipun, têksih wontên salêbêting jaman tirtayoga, miturut wêwarah ing sêrat Darmasunya, saking pangarangipun Bagawan Yogiswara ing

--- 113 ---

Mamênang, mênggah pratelanipun kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika.

Warnaning wiji mau têlung prakara, kang dhingin putih, wiji kang putih mau asale saka ing tirta kamandhanu, arane mana, wêrdine suci utawa padhang, ing têmbung Arab diarani rahmani, manawa ing têmbung Walônda diarani sil. Loro rupane abang, wiji kang abang iku asale saka srêngenge, arane mulat, têgêse murub utawa têrang, yèn ing têmbung Arab diarani roh ilapi, ing têmbung Walanda isih diarani sil.

Têlu rupane irêng, wiji kang irêng mau asale saka ing maruta, [maru...]

--- 114 ---

[...ta,] arane murti, wêrdine lêmbut utawa alus. Yèn ing têmbung Arab diarani roh robani, yèn ing têmbung Walônda isih diarani sil. Ing sêjatine wiji tatêlu iku mau, gone dadi wiji manawa campuring rupa têlu dadi sawiji, dene yèn isih maligi sawujude dhewe-dhewe, iya bakal ara kawawa dadi wiji, mungguh pratelane kaya ing ngisor iki.

1. Wiji kang rupane biru amarkata, iku pratôndha adêging maruta, kawoworan saka sarining tirta kamandhanu ing sawatara, sarta kawimbuhan sarining srêngenge amung sawatara, wiji kang duwe rupa mangkono mau ing

--- 115 ---

têmbe bakal amahanani budi cubluk. Buru alêman, ananging langgêng ing lêgawane.

2. Wiji kang rupane biru nom, sumirat amaya-maya, iku pratandhane isih adêging sarira maruta, kawoworan sarining tirta kamandhanu sawatara, sarining srêngenge rada kaduk. Kang mangkono iku ing têmbe bakal amahanani budi wêlas asihan, sarta tarimanan.

3. Wiji kang rupane ijo maya-maya, iku pratôndha isih adêging sarira maruta, kawoworan sarining tirta kamandhanu ing sawatara, sarining srêngenge rada kaduk. Iku wus kêna binasakake trimurti, ananging kang dadi [da...]

--- 116 ---

[...di] adon-adone durung satimbange, kang mangkono iku ing têmbe bakal amahanani budi sêdhêng ing kalantipane, lumaku ing sabar maklume, nanging rada amêm ing wicarane.

4. Wiji kang rupane ijo nom amancur maya-maya, iku têtêp adon-adone trimurti bisa ukur, dadi sirna wujuding putih lan abang irêng ing sapanunggalane kang kasêbut ing dhuwur mau kabèh, amung maligi saliganing pramana, iya iku kang diarani sajatining rupa, ing têmbe bakal amahanani budi lila, têmên tarima utama, utawa tata titi têtêp angati-ati, kang sarta kadunungan ênêng êning lan awas eling

--- 117 ---

apadene têtêp mantêp tur lantip marang ing kabudayane.

5. Wiji kang rupane kuning sumunar, iku pratôndha isih adêging trimurti, ingkang kasêbut ing dhuwur mau, kacèke amung andarbèni cipta lan wasesa, kang diarani cipta wasesa iku, ngungkuli karsa kang mangiyasmara, sapêpadhaning tumitah.

6. Wiji kang rupane abang, abra ambalêrêngi iku pratôndha adêging srêngenge, kawoworan sarining maruta, lan kawoworan sarining tirta kamandhanu amung sathithik. Kang mangkono iku ing têmbe bakal amahanani budi landhêp sugih panggraita, sarta kalawan panas baranan. Tur santosa amisesa, ananging [anang...]

--- 118 ---

[...ing] manawa wus kataman martaning cipta, cêpak sêmining rila lêgawa, kang kongsi ora kêna kinira-kira.

7. Wiji kang rupane wungu muyêg amarkata, iku pratôndha isih adêging srêngenge, kawoworan sarining tirta kamandhanu amung sathithik. Kang akèh sarining maruta, kang mangkono iku ing têmbe bakal amahanani budi drêngki, arda angkara cupêtan atèn, ora andêlan, culika durjana tur gêdhe kumiyase marang sapadhaning tumitah, apadene butêng rupak bêbudène, adoh marang wêlas asihe, cêpak ing wisesane, kang mangkone iku ing têmbe [tê...]

--- 119 ---

[...mbe] bakal amahanani darbèni lara rong prakara, manawa lara mau tumanduk ing raga dadi lara barah rambat. Barah rambat iku lara tatu ora ana warase, yèn tumanduk ing panon dadi lara edan.

8. Wiji kang rupane dumilah amaya-maya iku pratôndha adêging srêngenge, kawoworan sarining tirta kamandhanu amung sawatara, kang mangkono mau ing têmbe bakal amahanani budi gêdhe pangôngka-angkane, ngrêda ing sônggarugine, agung angkarane, tipis ing kabudayane, kang mangkono iku ing têmbe bakal anduwèni lara maras. Sarta asring suda-suda ing pandulune.

--- 120 ---

Dene pêncaring wiji ing môngsa iku isih padha raga cahya kabèh, muncaring cahya mau wus ora beda karo uruping pramana, mulane kêna binasakake raga suksma, sarira bathara, dadi ing môngsa iku durung ana carane lara lan pati, kang awit sêdya lan karsa durung ana tumuwuh, kaanane amung ênêng kalawan êninge bae.

Bab kaping 4

Amratelakakên kodrating cêcamboran. Têksih miturut suraosing sêrat Darmasunya, saking pangarangipun Bagawan Yogiswara ing Mamênang, kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika pratelanipun.

--- 121 ---

Banyu ing jalanidhi, kang wus kapratelakake ing dhuwur mau, sabên antara wêngi kataman adhêm têmah kumpul. Yèn môngsa awan kataman panas têmah amèr, ananging amèring banyu jalanidhi mau, atigal jalantah, têmah dadi êmban-êmban utawa lêmah, wêrdine lêmês. Saya lawas saya wimbuh kandêle, sarta wimbuh ing kasantosane, sadhuwuring lêmah mau barêng tansah kasiliring maruta, kalawan dayaning srêngenge, tumuli banjur garing utawa akas. Dene ing jêro tansah binuntu mêmbun ingkang têtambahan. Ewasamono santosaning lêmah iku, sôngka daya suksmaning sari têlung [tê...]

--- 122 ---

[...lung] prakara, siji sarining pêpanas, loro sarining banyu, têlu sarining maruta, sari tatêlu iku ênggone manuksma ing lêmah salawas-lawase wus tanpa kêndhat. Lêmah mau barêng wus kataman sarining sari têlung prakara mau, têmah kawawa amahanani thêthukulan saanane, barêng lêmah wus kawawa amahanani narubusake thêthukulan, têmah diarani bumi, wêrdine wadhah, bumi iku ing dhuwur saya lawas saya kandêl rêntête ing ngisor ora pêdhot wimbuhe, mulane ing awit môngsa iku sari kang têlung prakara panusupe padha kurang lêstarine, awit sari tatêlu mau isih kawilang sari kasar, dene sari

--- 123 ---

kasar tatêlu iku, ing sabên kêna dayaning adhêm kumpul. Manawa kêna dayaning panas iya tumuli amèr, amèring sari têlung prakara iku aluse kawawa jêbus ing bumi, banjur anartani ing panguripane thêthukulan kang wus padha tumuwuh, sadhuwuring bumi utawa bêburon kang wus padha tumitah ing kono, dene jalantahing sari tatêlu mau isih kari ana sajroning bumi, sarta banjur campur cêcampuran. Campuring jalantahing sari tatêlu iku dumadi wujud wolung prakara, saji manik-manik ing sapanunggalane, loro êmas, têlu salaka, papat timah, lima dêmbaga, nênêm wêsi, pitu uyah, wolu walirang.

--- 124 ---

Mungguh warna wolung prakara mau, ing nalika kataman adhêm wimbuh pupule. Barêng kataman adhêming pêpanas, têmah padha mêtu hawane, sarta banjur cêcampuran ing saanane, ananging cêcampuraning hawa wolung prakara mau isih hawa kasar ing sajatine, mulane gone bakal jêbus mring bumi kurang lêstarine, amarga tansah kapêpêtan dening bumi. Mangkono uga hawa wolung prakara mau, tumuli padha kumpul. Barêng ginêbug dayaning panas amèr. Amèring hawa mau, aluse kawawa anjêbus marang bawana, banjur anartani panguripan. Jalantahing hawa kang padha kèri ana jroning bumi mau dadi limang prakara. Iya iku kang ingaran asthagina.

--- 125 ---

Mungguh pratelane kaya ing ngisor iki.

Pulung rupane biru sumirat ijo, iku pratôndha adêging cahya manik-manik êmas sarta dêmbaga. Pulung mau ing têmbe bakal amimbuhi daya panguripan. Ananging kang diluluti bôngsa tancêping cipta kang marang wêlas asih.

2. Wahyu rupane putih sumirat asêmu kuning, iku pratôndha adêging cahya manik-manik êmas sarta timah utawa salaka, wahyu iku ing têmbe bakal sarana panguripan. Ananging kang diluluti bôngsa tancêping cipta kang marang lila lêgawa têmên tarima.

3. Andaru, rupane kuning kumuning,

--- 126 ---

iku pratôndha adêging cahya manik-manik êmas. Wêsi utawa salaka, andaru iku ing têmbe bakal amimbuhi daya panguripan. Ananging kang diluluti bôngsa tancêping cipta kang marang marta mardi aksama.

4. Têluh braja rupane abang sumirat wungu, iku pratôndha adêging cahya wêsi dêmbaga walirang timah. Têluh braja iku ing têmbe iya bakal sarana panguripan, ananging kang diluluti bôngsa tancêping cipta kang marang jail muthakil bêkiwit.

5. Guntur rupane sumirat - sirat dadu, iku pratôndha adêging cahya wêsi dêmbaga walirang uyah. Guntur iku ing têmbe sarana bakal amimbuhi [a...]

--- 127 ---

[...mimbuhi] iya panguripan. Ananging kang diluluti bôngsa tancêping cipta kang marang angkara murka. Samono mau dadine kalawan dèn èsthi, kalakone pangèsthi iku kudu sinêmbuh ing tapabrata lire mangkene.

Kaya ta tancêping cipta, kang marang wêlas asih, môngka binantonan ing tapabrata. Kang mangkono iku manawa cêpak tibaning pulung, kaya ta: tancêping cipta kang marang lila lêgawa, têmên tarima utama, môngka nganggo binantonan ing tapabrata, amêsthi banjur cêpak tibaning wahyu.

Kaya ta tancêping cipta: kang marang marta mardi aksama, môngka binantonan ing tapabrata, adat [a...]

--- 128 ---

[...dat] tumuli cêpak tibaning daru.

Kaya ta tancêping cipta: kang marang drêngki jail muthakil bêkiwit. Môngka binantonan ing tapabrata, adat tumuli cêpak tibaning têluh braja, kaya ta tancêping cipta: kang marang angkara murka, môngka binantonan ing tapabrata, adat tumuli cêpak tibaning guntur. Limang prakara mau iya kêna uga diarani darajad, ananging ana karêpe dhewe-dhewe, kaya ing ngisor iki pratelane. Pulung pakolihe sinung sapêkêting akèh, apadene linuhurake ing asamane.

Wahyu pakolihe kinèdhêpan, lan sujalma utawa saisèn-isèning jagad iki kabèh,

--- 129 ---

linuhurake drajate.

3. Andaru pakolihe karêgan apadene kèringan marang sêsamaning tumitah.

4. Têluh braja, pakolihe sinêngitan marang sêsamining tumitah, kang mangkono iku adat cêpak ing kasangsarane, adoh kabêgjane cumawis cilakane.

5. Guntur pakolihe rinuntikan marang sêsamaning tumitah, kang mangkono iku cêpak cilakane, tur cumawis ing bêbayane.

Ing nalika bumi wujud tumuwuh tumuli ingaranan jaman tirtayoga, wardine lêstarining urip utawa ing panguripan. Ing môngsa iku anuhoni saupakartine dhewe-dhewe, sarta lêstarine

--- 130 ---

lumaku kalawan ing panarimane.

Bab Kaping 5

Amratelakakên babaring kawontênanipun salêbêting jaman ing tirtayoga, miturut saking suraosing sêrat Jitabsara, saking wêwarahipun Dèwi Rukmawati, lajêng kinarang dening Bagawan Palêssara ing ngukir Ratawu, pratelanipun kados ing ngandhap punika:

Ing sajroning jaman tirtayoga iku sarupaning thêthukulaning bumi wus padha gumêlar mawarna-warna, apadene sarupaning kutu-kutu walang ataga kang wus padha dumadi rupa-rupa, awit sôngka rêmbês sarining bumi sangsaya angrêda,

--- 131 ---

dene sari kang padha dumunung ana ing ngarcapada, iku sarèhning isih akèh tabêting hawa bumi dadi taksih kalêbu sari kasar, mulane kataman dayaning adhêm kumpul. Yèn kêna dayaning panas iku tumuli amèr. Amèring sari kasar mau, aluse padha muksa marang ing gêgana, tumuli tumrap marang ing pramana, dene kasare kang padha kèri ana ing ngarcapada têmah banjur kawawa amimbuhi angganing dumadi, ananging amung ing ngarcapada kang akèh.

Pramana mau ora êsah gone kataman dening sarining bumi. Barêng lawas-lawas sari bumi iku têmah kawawa anglimputi kaananing pramana. Pramana barêng wus kalimput [kalimpu...]

--- 132 ---

[...t] sarining bumi, pramana barêng dumunung ana ing kono tumuli kêna dayaning panas lan dayaning adhêm. Pramana barêng adhêm isih pêngkuh ing kaanane, barêng kêna daya panggêbuging pêpanas têmah tumuli kumaringêt. Karingête banjur diarani mani. Mani mau sabên kêna dayaning adhêm kumpul. Sabên kêna panggêbuging pêpanas amèr. Amèr kumpuling mani mau, ing jaba tumuli kumulit. Iya iku kang diarani jantung. Jantung iku nalika ginêbug dayaning panas tumuli kumaringêt. Karingêting jantung mau kawawa amahanani pêru roro, dumunung ana sakiwa têngêning jêjantung, anjabane [anja...]

--- 133 ---

[...bane] pêru roro kabèbèr bukaning jêroan iya saka ing jêjantung awite, kang ambarêngi tarbukaning jêroan mau babaring bayu-bayu, apadene cêcaloning balung-balung. Dene cêcaloning balung-balung iku, diarani sungsum. Sungsum iku pancêring mani nalika kataman dening pêpanas. Barêng tumêkane kataman dayaning adhêm tumuli anjêndhêl. Tumuli amujudake rêraganganing sarira, dene kang kinarya rêragangan cêthak mau sirat soroting pramana, dene dadi wus kalimput kaananing sungsum. Sirat soroting pramana kang padha kalimputing sungsum, diarani suksma. Sungsum iku barang wus lawas-lawas kêna dayaning panas [pa...]

--- 134 ---

[...nas] têmahan adhêm banjur akas, sarta banjur kumulit. Ewadene jog-joganing sungsum kang sôngka ing mani iku, ing sadina-dinane wus tanpa kêndhat. Ing kono tumuli sêmi tarubusaning urat ing sapanunggalane, iku kang bisa dadèkake kakêkênganing kulit. Utawa daging kang minôngka pikukuhing balung-balung, samêktaning ragangan iku kabèh pramana, iku banjur saya wimbuh-wimbuh antêpe. Têmah tumibèng ing ngarcapada, ananging ing kono sarira kang padha anglimputi mau padha pêcah. Papêcahaning sari têmahan padha mêsat marang ing gêgana, mahanani lidhah kilat [ki...]

--- 135 ---

[...lat] thathit ing sapanunggalane. Sasirnaning panglimput mau, pramana têmah ambabarake sari dhampit, wêrdine dhèmpèt utawa pipit. Barêng ginêbug dayaning panas, tumuli kawawa pisah mêsat dhewe-dhewe, tumuli banjur gatra lanang utawa wadon. Ing kono banjur sêsilih aran apsara apsari. Apsara kang lanang apsari kang wadon.

Kocapa sakèhing wiji kang padha misih tiniggal ana ing alam sunyaruri, barêng kêna daya pagèndènging pramana têmah padha kawawa anjog jumujug ing ngarcapada, sapraptane ing kono wiji mau banjur [ba...]

--- 136 ---

[...njur] padha umanjing ing jro guwa garbaning apsara, ing kono kawasa nyapa kalawan pramana, pramana barêng wus kataman dening panukmaning wiji têmah sêmi tarubusaning karsa kang marang sacumbana, amung cipta kalawan sasmita bae. Rasaning cipta sasmita mau banjur kawawa tumanduk pramananing apsari, barêng katandukan cipta sasmita rahsaning apsari, tumuli kawawa ambobot banjur ambabar-babarake manungsa sajodho ing sabanjure, manungsa kang padha tumitah ing jaman iku, ragane isih padha alus, mulane mangkone durung katambêtan hawa sarining bumi kang kasar, sarta

--- 137 ---

durung ana nyandhang sarta mangan. Kang minôngka dadi sêsandhangan panglimputing wêwadine dhewe-dhewe, kang minôngka dadi pêpanganane, sarwa sari kang arum gandane, mulane manungsa ing jaman iku durung duwe lara lan pati, apadene suka lan prihatin. Ing jaman iku kêna diarani jaman kajiwatan, têgêse kaalusan. Mulane mangkone ing sabên muksa isih kawawa gawa ragane dhewe-dhewe. Jaman mangkono iku lawase rongèwu taun. Sajroning rongèwu taun mau, ing têmbung Jawa diarani jaman purwa, wêrdine wiwitan utawa kawitan. Manawa ing têmbung Saskrita diarani Massadham, têgêse jêjêm utawa jêjêg. Manawa ing têmbung [tê...]

--- 138 ---

[...mbung] Arab diarani Adam, têgêse kawitan.

Manungsa ing jaman iku isih padha anuhoni saupakartine pramana, mulane mangkono awit pôncadriya isih anyrambahi marang kaênêngane.

...dua halaman kosong.

--- 139 ---

Sarta banjur amimbuhi sirat soroting pramana, dene cacahing balung-balunging manungsa iku luwih sôngka rongatus têlulas. Amêsthi iya luwih ing kabudayane. Ing môngka balung mau saupama luwih sôngka rongatus têlulas, amêsthi bodho ing panggraitane, têrkadhang anduwèni lara budhêg sarta bisu, beda lan kauripaning thêthukulan mau padha tanpa balung. Kaya ta lintah, rêsrêspoh sapanunggalane, cacing, iku prasasat êlu bae. Dadi têtelaning dumadi iki êndi kang akèh balunge iya akèh ing panggraitane. Sakèhing balung-balung mau padha dadi lêlawananing panon. Panon iku lêlawananing pramana, pramana iku kawasa [ka...]

--- 140 ---

[...wasa] amahanani mani. Mani iku kawasa anucèkake gêtih. Sucining gêtih amimbuhi dayaning bayu otot balung sungsum. Dayaning balung sungsum mau kawasa andêlingake pôncadriya. Delinging pôncadriya kawasa anyarèhake lakuning panas . Sarèhing napas kawasa anglèrèhake êmpaning karsa, lèrèhing karsa anajêmake uruping pramana, tajêming pramana, kawasa narik sari sarasaning jagad raya. Kang mangkono iku kêna sinêbut adêging sang hyang trimurti manèh. Manungsa manawa tansah adêging trimurtine adat adoh lara lan cilakane, cumawis ing kamulyane.

--- 141 ---

Ambalèni kodrat ilining gêtih, iku mau manawa janma ing salumrahe bae awit mêtune sôngka pancuraning jantung kang kiwa, sarta banjur angubêngi sakubuking angga iki kabèh. Ananging ilining gêtih iku ora bisa dadi wiji padha pêncar salakune dhewe-dhewe, têmpuraning gêtih iku sôngka ing utêk. Barêng wus tumêka ing kono asalin rupa irêng awit kataman dening panasing panon. Sarta kêna hawaning bayu kang tansah nyakramagilingan lêbu wêtune ing mêngko campur katêlu mulane rupane irêng. Dene ilining gêtih kang rupa irêng mau tumuli anjog bolonganing jantung kang têngên.

--- 142 ---

Ing kono banjur campur karo mani, têmahan banjur dadi abang manèh.

Beda karo manungsa kang mardi sirêping hawa lan nêpsu, tansah angêgungake tancêping cipta kang wêlas asih. Iku wêtuning gêtih saka pancuraning jantung kang sisih kiwa, amêsthi rupa kuning sumunar amarkata, tumêkaning utêk amung abang asêmu kuning bae. Iya iku diarani gêtih suci. Sucining gêtih iku amratandhani adêging trimurti.

Bab kaping 6

Amratelakakên ingkang dados sababing dêdananing pangraos utawi raos, kados ing ngandhap punika pratelanipun [pra...]

--- 143 ---

[...telanipun] manawa wayah jam 2 wêngi iku lagi nêdhêng-nêdhênge môngsa adhêm. Ing sarupane sabarang apadene kumaraning jagad, iki padha kumpul kabèh, kumpuling kumara mau anuwuhakeh têtrêming pangambu utawa pangrungu, pandulu, mulane mangkono awit padha durung kataman sarakaning jagad iki kabèh, pôncadriya ing môngsa iku ijèh maligi apa saanane dhewe-dhewe, maligining pôncadriya kawawa amêningake panon. Wêninging panon kawasa anêtrêmake karsa, têtrêming karsa anêtrêmake uruping pramana, antênging urup amidayaning [ami...]

--- 144 ---

[...dayaning] salira. Dayaning salira kawawa mawèh ayêming pangrasa. Ayêming pangrasa anuwuhake pagraita, tumêkane ing wayah jam 3 wêngi saya wimbuh barêng tumêkane jam 4 wêngi kongsi jam 6 esuk. Kabèh kang padha kumpul mau angawit-awiti amèh, ananging êmpaning pangrasa wus prasasat ora beda, ananging kang cinaritakake ing dhuwur mau, cipta kang ora kawoworan ardaning angkara murka ing sapêpadhane.

Tumêkane jam 7 esuk, prabawaning bagaskara wus angawit-awiti panas. Sarupaning [Saru...]

--- 145 ---

[...paning] sari hawaning jagad wus padha tumular, rasaning pôncadriya wus padha pêncar, ananging wêninging panon isih sumunar amuncar, rasa pangrasaning angga nêdhêng-nêdhênge amêgar, êmpaning karsa angawit-awiti tumangkar utawa egar, uruping pramana isih antêng, mulane durung anduwèni upakarti ruwêt-rêntêng. Barêng tumêkane jam 8 esuk uga ana undhake sawêtara, apadene barêng tumêkane jam 10 iya saya wimbuh undhake, ananging êmpaning pangrasa wus prasasat ora beda. Ewasamono ing wayah iku mau manawa panuju kataman dening tancêp [ta...]

--- 146 ---

[...ncêp] martaning cipta kang mêsthi rasa pangrasa hawa pulih kaya jam 6 esuk mau.

Tumêkane jam 11 awan dawananing panas angawit-awiti bantêre, tumanduk ing hawa sarining bumi saya wimbuh akèhe. Pêncaring pôncadriya sangsaya angrêda. Wêninging panon wus mari muncar, êmpaning karsa saya tumangkar, uruping pramana wus mari antêng, rasa pangrasa anduwèni ruwêt rêntêng, barêng tumêkane jam 12 awan, saya andadi tumêkane jam 1 utawa jam 2 wus prasasat padha bae. Dene ing wayah iku manawa katancêpan cipta marta iya suda. Yèn kataman arda angkara [angka...]

--- 147 ---

[...ra] iya saya angrêda.

Tumêkane ing wayah jam 3 awan, dayaning panas wus angawit-awiti suda bantêre. Pêncaring pôncadriya wus angawit-awiti lêmpêre, wêninging wus angawit-awiti muncare. Êmpaning karsa sirêp tumangkare, uruping pramana wus angawit-awiti antênge, barêng tumêka jam 4 saya wimbuh tumêkane wayah jam 5 utawa wayah jam 6 sore, iku wus prasasat padha bae. Ananging ing wayah iku, saupama katuwuhan dening cipta arda angkara murka, rasa pangrasa sayêkti bali kaya jam 2 awan mau, manawa katancêpan [katancê...]

--- 148 ---

[...pan] ing cipta marta sayêkti amimbuhi ing katêtrêmane. Ananging sarèhing wanci iku arêp anampani pêpêtênging wêngi dadi êmpaning rasa pangrasa sêmu mulêg. Mungguh beda-bedaning rasa pangrasa kang padha katancêpan arda, utawa marta, iku anduwèni wahana dhewe-dhewe. Pratelane kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

Kaya ta grênênging cipta, kang marang candhala murka sapêpadhane yèn kongsi andadi, sayêkti kawawa tumanduk marang ing panon, banjur katarik wêtuning napas. Wêtuning napas katampan dening swasana. Swasana kawawa amratakake ing

--- 149 ---

sajagad kabèh. Ana kang umanjing manungsa, ana kang maring ing kewan. Sawênèh marang ing thêthukulan. Sarupane kang katitipan cipta angkara murka, iya banjur amahanani candhala murka, marang kang anitipake iku mau. Kaya ta manungsa kang sinêngitan dening wong akèh, apadene cinakot ing sato kewan, sarta karubuhan ing bayu, mangkono mulane, jalaran Sang Bagawan Yogiswara bangêt ênggone amêmêling têmbunge mangkene "hèh siswaningwang sira padha anênêma cipta marta wêlas asih, kang supaya antuk ing sadumadi sabawana iki kabèh."

Titi tamat srat Widya Pramana.

--- 150 ---

...satu halaman kosong.

Bab ingkang kaping 7

Amratelakakên dumadosing manungsa ingkang kaping kalih, miturut suraosing sêrat Jitabsara, saking wêwarahipun Dèwi Rukmawati, ingkang kinarang dening Bagawan Palêssara ing Ngukir Ratawu, kados ing ngandhap punika pratelanipun.

Sapungkuring jaman kang kasêbut ing dhuwur mau, diarani jaman dhuparayoga, wêrdine jaman kamokalan. Bumining bawana saya wimbuh kandêle, apadene wêgtuning hawa sangsaya akèhe. Thêthukulan utawa sato kewan wus padha warna-warna. Ing jaman iku raganing manungsa, utawa kewan-kewan angawit-awiti [angawi...]

--- 151 ---

[...t-awiti] kasare, apadene pôncadriya angawit-awiti pêncar. Pêncaring pôncadriya mau, têmah kawawa anuwuhake karsa kang dudu sawantahe. Ing kono padha thukul papenginane utawa kêkarêpane. Barêng wis mangkono tumuli padha kèlu mangan woh thêthukulaning bumi. Kayadene pakartining kewan ing sapanunggalane. Kêncaring cahya iya suda muncare. Kang mangkono mau andadèkake pituna ing kasêktène. Saya lawas saya mundhak ing kêkarêpane, wêkasan padha tumuwuh akale,

--- 152 ---

gone sacumbana wus kalawan saragane. Kang mangkono iku andadèkake surut muncaring pramana, têmah banjur kataman ing duka cipta, ing sapanunggalane. Ing jaman iku wus ora ana wong bisa mati muksa, yèn nora kêlawan tapabrata, apadene wus ora ana padha sêkti yèn nora kêlawan angêngurangi.

Sarèhning jaman iku wus padha laku raga, dadi gone mêncarake wiji mau wadone kudu sarana anggarbini. Kang sarta jaman iku daya pagèndènge ora kalawan narik wiji, manawa ora kêlawan [kêlawa...]

--- 153 ---

[...n] ing êninge. Mungguh katrangane kaya kang kapratelakake ing ngisor iki.

Upamane ana jalma lagi tumuwuh kataman êninging cipta sudane ora kurang sapandurat. Iku daya pagèndènge lagi kawawa anarik wiji. Susuping wiji mau amarêngi nalika lêbuning panas, banjur rumêsêping utêk rumêmbês ing panon. Kang diarani panon mau banyu sari sêsaringaning banyu utêk. Kang manggon ana satêlênging manik. Wiji mau ana ing kono kawawa sumusul tumamèng pramana, kang sarta amor sarase, mor sacahya,

--- 154 ---

utawa saeka karsa. Kang mangkono mau adat anuwuhake adrênging kang sacumbana. Adrênging kang sacumbana mau yèn cinêgah dadi pedah, yèn linêbur dadi batur, lire mangkene. Sing sapa kasusuping wiji, môngka kawawa ananggulangi, sayêkti saya wimbuh muncaring pangèksi, manawa dèn turuti kawawa mahanani putra, pratelane kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

Yèn ana jalma sacumbana, môngka lakuning napas kang pinuju gantêr lênging garana kang kiwa, iku mratandhani wiji mau gone cumithak ana panon kang têngên.

--- 155 ---

Iku kandhanganing wiji kang lanang. Manawa lènging garana kang têngên iku mratandhani yèn wiji mau gone cumithak ana panon kang kiwa. Iya iku kandhanganing wiji wadon. Manawa napas kiwa kang têngên padha bantêre, iku mratandhani yèn wiji mau gone cumithak ana satêngahing panon. Yèn têmbung Jawa têngahing panon iku diarani manon. Manawa têmbung Arab diarani insan kamil. Ing têmbung Walônda diarani astrêkèn his. Wêrdine kumpuling rêrêmbês, sarta paguting rêrêmbês. Ingkang mangkono

--- 156 ---

mau ing têmbe bakal mahanani putra wandu. Kang diarani wandu iku dudu lanang dudu wadon. Iya lanang iya wadon.

Dene wiji kang mêsthi dadi wiji, uga lênggêpe sôngka adon-adon katêlu, kang dhingin sarining tirta kamandhanu, kaya kang wus kapratelakake ing dhuwur mau. Kapindho sarining mulat. Kaping têlu sarining maruta. Dene manawa kurang lênggêpe sôngka adon-adon katêlu mau, kang pêsthi ora kawawa dadi. Sanadyan dadia ora kawawa lawas uripe, lire mangkene.

Kaya ta sarining tirta kamandhanu,- [kama...]

--- 157 ---

[...ndhanu,-] amung kalawan sarining mulat. Tanpa sarining maruta, kang pêsthi ora kawawa dadi manungsa, kaya mangkono ing sapiturute, iku purwane ana umur dawa lan cêndhak. Dene bêgja lan cilakane bakal kapratelakake dumunung ana bab kaping pitu.

Upamane ana manungsa kataman êninging cipta kang suwene kongsi bisa rong pandurat. Iku kawawa anarik wiji loro, kang mangkono iku awit daya pagèndènge luwih santosa, apadene luwih kuwasa. Wahanane putra iya kêmbar utawa dhampit. Yèn mêtu

--- 158 ---

kêmbar amratandhani wiji mau gone cumithak ana panon kang sasisih. Manawa mêtu dhampit, pratôndha gone cumithak ana panon kiwa têngên.

Bab ingkang kaping 8

Amratelakakên wêwijanganing wiji ingkang badhe dumados. Wahana wêwatêking wiji têksih miturut suraosing sêrat Jitabsara, pangarangipun Bagawan Palessara ing Ngukir Ratawu, pratelanipun kados ing ngandhap punika.

Mungguh wêwijanganing wiji iku mau, anjabane bakal mahanani budi uga bakal anuwuhake wêwatêk, miturut apa sawujude wiji mau.

--- 159 ---

Kaya ta wijine kang wus kandêl, iku iya bakal mahanani kandêlan atèn. Manawa gêdhe iya mahanani watêk kang jêmbar. Ingkang cilik, mahanani watêkan rupak. Kang mancorong mahanani watêk ayêman. Yèn bêsêm mahanani watêk sungkawanan.

Ing sarèhning wiji mau padha sôngka bangsaning alus dadi ora kêna tinonton. Sôngka alus-alusaning pandulu. Kang diaraning alus-alusaning pandulu iku mau, kang dhingin ênêng êninging cipta, kapindho sirnaning karsa, kaping têlu sarwa sarèh ing panggônda, kaping pat lêrêming pôncadriya, kaping lima [li...]

--- 160 ---

[...ma] jêtmikaning solahbawa, manawa wus anêtêpi pakarti kang limang prakara mau amêsthi kawawa anon sawujud sawantahe wiji mau.

Ing saupama ana jalma lagi tumuwuh, tancêping cipta wêlas asih, kang mêsthi uruping uruping pramana biru asêmu ijo maya-maya, ing môngka tumuli kataman. Ênêng ingkang kongsi kawawa anarik wiji, sayêkti sumusuping wiji iya tunggal urupe. Ing têmbe bakal linulutan dening sujalma kabèh. Nanging kurang lantip budine. Manawa ana jalma lagi tumuwuh, tancêping cipta mêthuthuk rumôngsa kabênêran. Ing sasolah bawane,

--- 161 ---

kang mêsthi uruping pramana biru tuwa muyêk amarkata, ing môngka kataman ênêng kongsi kawawa anarik wiji, sayêktine sumusuping wiji iya tunggal urupe, ing têmbe bakal mahanani putra bodho budine, ananging bêcik atine.

Manawa ana jalma kang lagi tumuwuh, tancêping cipta rila lêgawa, kang pêsthi uruping pramana putih sêmu kuning, maya-maya asêmu mêlês. Ing môngka kataman ênêng kongsi kawawa anarik wiji. Sayêkti sumusuping wiji iya tunggal urupe. Ing têmbe bakal mahanani putra lantip budine, cêpak ing panggraitane, [panggra...]

--- 162 ---

[...itane,] tur kajèng marang sêsamine. Manawa ngawula pinarcayèng gusti.

Ing saupama ana jalma lagi tumuwuh, tancêping cipta kadêrêng kudu amarsudi kabudayan. Kang mêsthi uruping pramana kuning sêmu abang ambaranang. Ing môngka tumuli kataman ênêng kongsi kawawa anarik wiji. Sayêktine sumusuping wiji iya tunggal urupe. Ing têmbe bakal mahanani putra limpat budine, bawa lêksana elingan, nanging rada gêtapan.

Manawa ana jalma kang lagi tumuwuh, tancêping cipta runtikan marang sapêpadhane. Kang mêsthi uruping pramana abang ambalêrêngi.

--- 163 ---

Ingkang môngka tumuli kataman ênêng kongsi kawawa anarik wiji, sayêktine sumusuping wiji iya tunggal urupe. Ing têmbe bakal mahanani putra landhêp ing panggraitane, bèrbudi bawalêksana nanging rada gêtapan.

Manawa ana jalma tumuwuh, tancêping cipta drêngki kang mêsthi uruping pramana wungu muyêg amarkata. Ing môngka kataman ênêng kongsi kawawa anarik wiji. Sayêkti sumusuping wiji iya tunggal urupe. Ing têmbe bakal mahanani putra cukêng warêngkêng jail bêsiwit. Trêkadhang sring kataman lara barah.

Manawa ana jalma lagi tumuwuh

--- 164 ---

tancêping cipta arda angkara, puwa-puwa, kang mêsthi uruping pramana dadu burêng amarkata. Ing môngka kataman ênêng kongsi kawawa anarik wiji. Sayêkti sumusuping wiji iya nunggal urupe. Ing têmbe mahanani putra culika daluya tur dora micara. Adat kang mangkono iku sring kataman lara owah.

Manawa ana jalma lagi tumuwuh, manungku pujabrata, kang marang tancêping cipta têmên tarima utama, kang mêsthi uruping pramana ijo nom muncar amaya-maya, ing môngka kataman ênêng kongsi kawawa anarik wiji. Sayêkti sumusuping wiji iya tunggal [tungga...]

--- 165 ---

[...l] urupe, ing têmbe bakal mahanani putra apura paramarta, lila lêgawa tur bijaksana. Kang mangkono iku sring kataman drajating kawiryawan.

Wiji kang cinaritakake ing dhuwur mau, manawa panusupe pinuju wayah awan. Awit uruping pramananing rahsa ing wayah iku kumpul, yèn ing môngsa awan tumuli amèr, amarga kataman panggêbuging pêpanas. Mulane para sarjana ing jaman kuna manawa sacumbana kang pinilih ing wayah wêngi tumêkane bangun esuk.

Bab ingkang kaping 9

--- 166 ---

Anyariyosakên tarbukaning wiji nalika katampèn saking guwa garbaning biyung. Taksih miturut suraosing Sêrat Jitabsara, pangarangipun Bagawan Palêssara ing Ngukir Ratawu, kados ing ngandhap punika pratelanipun.

Ing nalika jalma mau sacumbana, kang wus kapanjingan ing wiji iku mangkene, rahsaning mani kang wus padha sumaruna ing gêtih, padha kukut marang ing jantung manèh, ana ing kono tumuli kawawa campur dadi sarahsa, tunggal sawarna kalawan pramana, têmah darbe panguwasa mêsat tumurun tumibèng

--- 167 ---

angganing rena, tumuli ngumandhang ana ing baka, kang diarani baka iku wêwadhahing bayi, ana ing kono tumuli campur kalawan roh rena, kang diarani roh iku gêtih kang isih suci, dadi samêngko wus campur katêlu, wus kêna binasakake trimurti. Trimurti iku nalika katampèn saking guwa garbaning biyung, ambabar dadi jêroan, apadene otot-otot sapanunggalane iki kabèh, ewasamono tumangkaring otot lan jêroan iki kabèh, iya sôngka cahyaning wahyu uruping trimurti, trimurti iku nalika wus mangkono

--- 168 ---

diarani pramana, kang sarta sirat sorote padha anukma marang sajroning otot bayu sapanunggalane kabèh. Kang mangkono uga barêng kataman dening sirat soroting pramana. Sarupane otot bayu sapanunggalane kawawa modot ing salakune dhewe-dhewe. Dinut salaku jantrane sirat soroting pramana mau, ewasamono nalika jantung kataman sêsumuk garbaning biyung tumuli kumaringêt. Karingêting guwa garba uga rêmbês ing mani, iya iku kang mahanani balung-balung rêraganganing raga, kabèh pirantining raga purwane

--- 169 ---

sôngka ngalêmbut. Dadi banjur ana, anane sôngka cilik dadi gêdhe. Lire mangkene, wijining pirantining raga mau kabèh, manawa kêna daya sêsumuk têmah amèr. Amère tumuli kaimbuhan mani, kang tanpa mêtu ing jantung. Barêng kataman dayaning adhêm kumpul manèh. Kang sarta wimbuh gêdhe ing kaanane, mangkono ing sajroning ana garbaning biyung.

Barêng wus antuk satus dina lawase banjur awit gana manungsa ujude abang. Wêrdine isih abang. Tumêkane satus sèkêt dina ki jabang tumuli agatra, kang minôngka

--- 170 ---

dadi pikuwating sarira lagi sôngka têtuwuhaning bayu bae, ing kono diarani ki jabang bayi. Wêrdine isih abang santosane kalawan bayu. Bayu iku bangsaning otot ingkang alus. Ing têmbe bakal nandhing cipta sasmitaning rahsa apadene tanduking solahbawa iki kabèh. Bangsaning bayi iku rong prakara, kang alus-alus diarani bayu, kang kasar-kasar diarani otot, kang luwih kasar manèh diarani balung nom. Jabang bayi ing môngsa iku isih jêjêm pramanêm sarta pusêre tarubus bangsaning usus. Ususing pusêr mau barêng [ba...]

--- 171 ---

[...rêng] kêna daya sêsumuk tumuli kumaringêt. Jalantahe mahanani ari-ari, sarine manukma ana sarahsaning biyung. Iku ana bêbasan idham-idham kawoworan. Dadi ing môngsa iku sarahsaning biyung wus têtêp amor kalawan sarahsaning jabang bayi. Môngka jabang bayi ing môngsa iku kêna binasakake tanpa dhahar tanpa sare, kang dhinahar amung sarupaning sarwa sari kang padha sumaruna ana garbaning biyung. Dene gone sare amung kalawan sarèhe bae. Mungguh gone dhahar amung sarahsaning sari-sari mau, ora kêlawan lesane, amung kalawan [kala...]

--- 172 ---

[...wan] pusêre.

Barêng wis tumêka rongatus patang puluh dina sarupane pirantining jabang bayi wus padha samêkta. Amung cêcaloning balung-balung isih padha lêmês. Kang sarta isih bisa tarubus sêmining urat-urat iku bangsaning otot kang tarubus ing bêbalung. Mulane para winasis ing jaman kuna aparing pratikêl, manawa ana jalma ambabar sadurunging sangang sasi, sarana sinandhangan ing sêga panas banjur digêngi. Kang mangkono iku cêcaloning balung isih padha lêmês, manawa kataman hawaning panas wor siliring angin.

--- 173 ---

kakaging kulit apadene atosing balung, kang pêsthi kaya ginege.

Jabang bayi barêng wus ana rongatus patang puluh dina kabèh, saupakartining piranti wus nêdhêng-nêdhênge samêkta. Ing kono manawa ora ana bêbayane adat tumuli lair. Laire ki jabang bayi barêng ana ing ngarcapada barêng lan tarbukaning pramana mijil sôngka ing jantung. Ing kono pramana banjur ambabar cahya murub amarkata. Cahyaning pramana mau kawawa amadhangi sakupênging angga iki kabèh. Dadi ing samêngko pramana mau manjing ing padhange dhewe-dhewe. Pêpadhanging [Pêpa...]

--- 174 ---

[...dhanging] pramana mau barêng tumanduk ing utêk, banjur kumaringêt. Karingêting utêk mau arupa banyu wêning. Rupane banyu mau putih asêmu biru maya-maya, banyu iku diarani manon. Manon iku gone ngumandhang ana makripat kiwa lan têngên. Kêkandhanganing manon iku diarani manik. Ing nalika kêna panggêbuging pêpanas, tumuli padha sumari, têmpuring sari loro, padha ngumandhang ana ing pasu, utawa ana ing paso. Barêng dumunung ana ing kono diarani ambêgan wêrdine pambêngêkan. Ambêkan barêng wus angêbaki paso, ing kono tumuli [tu...]

--- 175 ---

[...muli] têmpur kalawan swasana. Sarta arêbut daya pagèndènge padha santosane, padha kuwasane. Dayaning swasana, kawasa narik marang ing jaba. Ambêkan barêng katarik dening swasana kalah daya pagèndènge, têmah mêtu sôngka lènging garana. Sawêtuning ambêkan tumuli katarik. Dene daya pagèndènging pramana, têmah tumuli umanjing lumêbu manèh. Mangkono purwane ambêkan iku mlêbu mêtu, nalika wêktuning ambêkan kang kapisan mau, barêngi tangise ki jabang bayi, kalawan pêncaring pôncamaya, apadene nyakramagilinganing para piranti. [pira...]

--- 176 ---

[...nti.] Kang sarta lakuning banyu lan gêtih sapanunggalane.

Bab kaping 10

Amiraos wimbuhing pangraos, ingkang badhe tumanduk dhatêng ki jabang bayi, miturut suraosing Sêrat Paramayoga pangarangipun Bagawan Palessara ing Ngukir Ratawu, kados ing ngandhap punika.

Manawa bayi mau wus umur têlung puluh lima dina, kulite awit mari abang. Tangkaring pôncadriya wus ganêp. Upakartining angga wus lênggêp. Ananging isih padha lêmês. Ing môngsa iku daya panguwasaning panon wus padha samêkta ing kaanane. Dadi solahbawane mau durung kawêngku ing karsa. Amung isih salakune [salaku...]

--- 177 ---

[...ne] dhewe-dhewe. Ing môngsa iku mari kasêbut jabang bayi, amarga wus mari abang. Dadi mung kasêbut bayi bae.

Manawa ki bayi wus umur pitung puluh dina, iya saya mundhak ing kaanane. Tumêkane rongatus pitung puluh dina, iku diarani sajaman. Ing atase gone tumitah ana ing ngarcapada. Ing nalika iku balung sarta otot pirantining raga, wus padha santosa. Wus kawawa nandhang sarosaning karsa. Pêncaring pôncadriya wus samêkta, ananging durung pati pratela. Ing kono banjur mari diarani jabang bayi, diarani wala utawa bocah. Wêrdine uwasuwal. [uwa...]

--- 178 ---

[...s] sôngka pakartine lawas, anganggo pakarti anyar. Mulane padatan Jawa, manawa bocah umur samono mau, dislamêti tumêdhak siti. Awit ing wêktu iku sari hawaning bumi wus padha mèlu anartani panguripaning bocah mau. Mulane para brahmana manawa anyapih putrane kudu ing wêktu iku amrihe rong prakara, kang dhingin wanuha karo sari sarahsaning thêthukulan. Ing têmbe bakal padha pinangan. Watêke mangkono mau sayêkti adoh ing lêlarane, kang kapindho aja nganti kasuwèn ênggone amangan banyu susu, amarga pamangane banyu susu iku luwi gampang, dadi [da...]

--- 179 ---

[...di] ing têmbe kurang panggraitane. Barêng bocah mau wus umur patang atus sangang puluh dina, diarani rong jaman. Pirantining badan saya wimbuh ing kasantosane. Iku wus kawawa nandhang sarosaning karsa. Pêncaring pôncadriya wus akèh undhake sarta kulit wus wimbuh kandêle. Amarga tansah kataman dening daya hawaning bumi. Bocah ing môngsa iku wus sêmi daya papenginane utawa kêkarêpane. Lire mangkono samubarang kang katon anyar kapengin kudu anirokake sarta cinêkêl. Manawa ana bocah umur pitu likur sasi, iku aran têlung jaman.

--- 180 ---

Balung utawa otot pirantining raga kabèh padha wimbuh ing kasantosane. Barêng bocah umur têlung puluh nênêm sasi, diarani patang jaman. Kabèh pirantining raga padha wimbuh ing kasantosane. Pôncamaya wus akèh tumangkare. Ing kono banjur sinêbut pôncadriya. Pratôndha bocah ing wêktu iku wus dhamang ing pandulune. Wus tètèh pamicarane, wus wijang ing panggandane, wus têrang ing pamiyarsane, sarta sakèhing pamirsa wus wêruh beda-bedane. Mulane ing môngsa iku prayoga diawit-awitana sinung wêwulang pinangkata ing watarane. Kang mangkono iku amung minôngka pandhangiring panggraita, ananging [a...]

--- 181 ---

[...nanging] bocah ing wêktu iku laku mangsane kumaratu-ratu. Tumanduking wulang winor lan pangudang. Yèn wus widagda dèn alêmbanaa.

Manawa bocah mau wus umur patang puluh lima sasi, wus aran limang jaman. Iya isih jênêng bocah kumaratu-ratu. Amung pirantining badan sangsaya wimbuh kasantosane, kongsi tumêka umur sèkêt papat sasi, iku diarani nêm jaman. Bocah kang umur samono mau, wus mari kasêbut bocah kumaratu-ratu, awit wus bisa unggah-ungguh, ing kono diarani bocah wayah dêmolan. Iku prayoga winulanga-winulanga ing tata parikrama sawatara, manawa [mana...]

--- 182 ---

[...wa] wus umur limang taun punjul têlung sasi, iku wus têtêp aran jaman gêdhe. Kang kapisan ing wêktu iku wus mari diarani bocah, diarani jêjaka, yèn wadon diarani parawan. Ing wêktu iku balung utawa otot wus padha nêdhêng padha kuwate, anandhang sarasaning karsa. Tumangkaring pôncadriya saya angrêda. Êmpaning karsa saya arda. Amarga panukmaning sari hawaning bumi sangsaya warata. Ing kono wus nêdhênge tinandukan ing pamardi wasesa. Kang mangkono iku amung minôngka dadi sêsirêping angkara murka, awit bocah kang lagi umur samono mau, nêdhêng-nêdhênge tumangkaring karsa, yèn ora [o...]

--- 183 ---

[...ra] tumuli pinapas ing têmbe pasthi tumuwuh ing kamurkane, mulane prayoga dislèwèngna marang upakartining wimbuhing kagunan, kang mangkono mau iya sôngka istiyaring para bijaksana, gone padha arsa nyuda adêging kodrat wiji kang ala. Manawa jêjaka wus umur sapuluh taun punjul nêm sasi, iku wus kasêbut rong jaman gêdhe, diarani jaka kumala-kala. Wêrdine durung ajêg ing karsane, sarta tansah sumalin-salin ing kêkarêpane. Bêbasane êndi kang têmbe rinungu iya inulu. Kang anyar dinulu kapiluyu, mulane ing wêktu iku yèn arêp nandukake wimbuhing piwulang kudu kalawan sarèh.

--- 184 ---

Dèn araha ing salintire dhewe. Manawa wus umur limalas taun punjul sangang sasi, iku diarani têlung jaman gêdhe, wus mari kasêbut jaka kumala-kala. Diarani jêjaka birai, wêrdine alus ing paraeane. Upamane kêmbang lagi mêkare. Wêninging panon lagi nêdhêng-nêdhênge muncar. Muncaring panon mau amimbuhi sunaring guwayane. Mulane ki jaka ing wêktu iku lanang wadon akèh kang padha kapiluyu. Sanadyan tumraping parawan uga mangkono.