Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Damarwulan, Anonim, c. 1810, #94 (Pupuh 17-33)

Katalog:Damarwulan, Anonim, c. 1810, #94
Sambung:
1.Damarwulan, Anonim, c. 1810, #94 (Pupuh 01-16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1051.
2.Damarwulan, Anonim, c. 1810, #94 (Pupuh 17-33) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1052.
3.Damarwulan, Anonim, c. 1810, #94 (Pupuh 34-48) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1053.
4.Damarwulan, Anonim, c. 1810, #94 (Pupuh 49-60) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1054.
5.Damarwulan, Anonim, c. 1810, #94 (Pupuh 61-70) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1055.

17. Sinom

1. sang adipati ing Tuban | tamuan kalaning wêngi | juwata ing suralaya | risang Yyang Yamadipati | matur Ki Rôngga Tubin | hong Siwahboja Dewagung | dewane dewa mulya | kuwangwang netraning [netra...]

--- 52 ---

[...ning] dasih | anuruni ing padane kang winênang ||

2. nir dahna pinara sêbda | drêmaning drêma suruping | ing Sang Yyang Nata priyôngga | ing rèh carik nagra widi | angling Yamadapati | iya pawong sanak ulun | opadya sirantuna | sah-asah migênaning sih | namunana sidhêm titahing winênang ||

3. iya kêkasihing dewa | ngong ingutus Yyang Pramèsthi | atasing Yyang Sukmanôngsa | mundhut nyawanira kaki | rèhing wus praptèng janji | ajalira mitraningsun | panjang cêndhaking yusya | kaki tan kêna gumingsir | anglêsing tyasira sang dipati Tuban ||

4. datan lyan kèsthi ing manah | pan amung sang prabu dèwi | kang dadya sumêlang driya | dene sang dyah dèrèng krami | embahing mangke dadi | lêlakone Majalangu | dèrèng kantênan ingkang | andhap unggul ing ajurit | sênajan ta pinundhut ing yusyanira ||

5. yèn wus pêjah Menakjingga | kapala rêgêding bumi | wusana sang adipatya | umatur sarya wotsari | sêbdaning riyang kapundhi |Lebih satu suku kata: sêbdaning Yyang Kapundhi. nanging pamintaning ulun | ing Sang Yyang Siwahboja | tan kilap angudanèni | sêbda Yamadipati lah sang dipatya ||

6. dadi kita kurang pasrah | dudu jênênge wong luwih | milih nampik ing wêsesa | umatur sang adipati | lêrês sang yyang dewadi | nging agêsang kang linuruh | mulyane kasampurnan | tamèng rat mulyaning jisim | nikmat arja kang prapta ing ariloka ||

7. bok inggih Yyang Siwahboja | sumados madyaning jurit | wangsul ta karsaning dewa | anitahakên ing mami | punapa ta kinardi | utama sawusing nêmu | lampahan ngariloka | lawan punapa kinardi | utama trusing gêsang tumêkèng pêjah ||

8. kanggêk Yyang Yamadipatya | tandya tumêngèng wiyati | gya tumrun Yyang Panji Nrada | Manikmaya kang linuwih | matur sang adipati | hong Siwahboja kêng rawuh | nir dahna pinrasêbda | surupnya nata priyogi | amêminta padane ingkang winênang ||

9. jarwanana sêtyanira | sapangrèh tingkahing dasih | ing gêsang tumêkèng pêjah | nistha madyaning utami | urip jamaning pati | miwah andhap luhuripun | angling Yyang Manikmaya | babo titahing [ti...]

--- 53 ---

[...tahing] sukmadi | hong masidhêm sirantuna sah migêna ||

10. iya kêkasihing dewa | wus pinêsthi ing sukmadi | sira kinarya utama | musakani Maospait | satriya pinarjurit | kinarya praboting ratu | ing marcapada kita | babo kinarya utami | ngalrilokangariloka. wus ginadhang-gadhang mulya ||

11. nanging ta ubayanira | ing mangke kaki wus prapti | mulih marang kaelangan | nanging sarasaning ati | wus katur Yyang Pramèsthi | kumaranira ki bagus | wêwayanganing Suksmana |Lebih satu suku kata: wêwayanganing suksma. wus nèng pangayunan kaki | nora kêna sumaya pêcating nyawa ||

12. lamun sira paripêksa | jugar jênênging utami | tur tan wurung têkèng ajal | mundhak amêmurung ing sih | nanging linilan ugi | babo kita mring dewagung | nganti têmpuhing yuda | rèh pamintanira kaki | karya tilas labêting rèh kautaman ||

13. nanging têka wurung nora | sira tumêka ing pati | eman gêmpaling kamulyan | yèn darbe karya pribadi | têmah tan nrimèng pêsthi | sinuda sihing dewagung | matur sang adipatya | sihing yyang kapundhi-pundhi | anuruni padane ingkang winênang ||

14. alatah Yyang Panji Nrada | angguguk Yamadipati | yaiku ingkang utama | nora bakal wong angsal sih | dene rêntênging bumi | lindhungêna mring dewagung | sêdene putranira | iya sang narendra putri | pra juwata kabèh ingkang kabubuhan ||

15. pangèstu lan puja môntra | amayang wahyuning dasih | marna karsaning Suksmana | wus marêm sang adipati | têpung kalaning nguni | prabu rara apitutur | lêlakonning sarira | wusana sumrah nayadi | wus umêsat dutaning Yyang Jagatnata ||

16. ing dalu datan kawarna | enjing risang adipati | siniwi para dipatya | pêpak sagung ingkang nangkil | miwah Seta Kumitir | ajajar ngapid mabukuh | radyan patih nèng ngarsa | manggusthi têmpuhing jurit | wus pininta dhadha tanapi pênjawat ||

17. miwah cucuking alaga | lawan ingkang samya dadi | angalap-alap ing aprang | ingkang rinêbut wus dadi | manglut nglanggaring jurit | wus nabrang sabala daut | ing ênu tan kawarna | wus ajêng-ajêngan jurit | baris wetan umèb wus tata magêlar ||

18. tangkêpira prit anêba |

--- 54 ---

gumulung magalong pipit | raja myang rôngga dipatya | pra menak dhaèng mênuhi | saha bala sadasih | carub wor maglaring pupuh | lir gunung gêni sinang | lir sêgara tanpa têpi | pirang-pirang mariyêm lan kalataka ||

19. sinêla-sêla akapang | myang panggritan obat mimis | pirang-pirang tanpa wilang | ngundhung-undhung kadi wukir | miwah inuman jurit | pirang-pirang tanpa petung | kênit arak wêragang | brandhuwin kêlawan api | kawarnaa dêdamêling Majalêngka ||

20. tinon sing mandrawa gumyar | lir sêkar sêtaman asri | rêtèng kalamarcu merang | gunastra mangrindik-rindik | makilat-kilat thathit | lumrang tara wra supênuh | sonar-sonar kumênyar | daludag dêdêl kasilir | kantar-kantar kêkôndha nglela gumawang ||

21. gawang-gawang awèh raras | lêlayu bandera asri | manguwung teja wangkawa | nglela mangobar-abir |Kurang satu suku kata: nglela amangobar-abir. èrêm myang bagaspati | para juwata supênuh | dewa-dewa nêningal | widadari ngintip-intip | ting galêbyar mêmanon manonton ing prang ||

22. lidhah-lidhahnya kumênyar | kumilat-kilat pan asri | pracalèntèng taran-taran | ujwala mathathit-thathit | puspa warsa mawanti | gônda kusuma sumawur | anjrak panjraking sêkar | kêpyur-kêpyur katrang sumrik | arum-arum mêlêk gônda kamarutan ||

23. nglela sang dipati Tuban | kang dadya lajrêring jurit | arja songsong mliyo jênar | pan nitih pun Sangupati | lir sasrabau sigit | wong Jodhipati nèng ngayun | kêlawan wong tangtraman | sarawisa amênuhi | Dulangmangap mangapit ing kering kanan ||

24. cucuking prang radyan arya | Jayapuspita apêkik | arja songsong mliyo jingga | anitih pun layar warih | prajuritnya makiping | dyan patih nglela nèng ngayun | gêlar mangarab byuha | Arya Purbarana kering | nitih kuda gêmpung aran pun subrastha ||

25. asongsong sutra sinulam | kinêmbang rukma wrêja sri | lir jaladara mangsah prang | prajuritira ngarsa nglir | diyu mêmonah daging | dene supit kananipun | Krêtagnyana ing Jipang | songsongnya udara wilis | nitih kuda bopong aran pun samoga ||

26. sudira yèn tiningalan | lir Indrajit [Indraji...]

--- 55 ---

[...t] mangsah jurit | wadyanira pirang-pirang | sumahap mangincih pati | menak rôngga dipati | sinangsraya pinartêlu | ing ngarsa kering kanan | Seta Kumitir nèng wuri | kang gêgaman asri tinon rêbut raras ||

27. kang gêndhing muluk mring tawang | mangangkang asri milêt sih | umung têngara sauran | riwusnya rakit kang jurit | wong wetan angajoni | dyan patih ngangsahkên wadu | samya sudiranira | gya kabêt pêngawat kering | ingkang kanan wong Jipang wuri manunjang ||

18. Pangkur

1. baris kulon lawan wetan | sarêng mangsah gapyuk rok silih ungkih | têngara wor surak gumruh | têtêg ambal-ambalan | bêndhe bèri bêgor syara ruging-arug | kadya alun nêmpuh parang | mariyêm lir guntur wukir ||

2. kêkôndha pêgat manglayang | tunggul-tunggul lir kluwung tibèng siti | sênjata pating jarêblug | kadya glap sèwu ngampar | gumrêradaggumêradag. gumêntar otrê majêblug | jumêthot sumêngèr nratas | kadya angrubuhna langit ||

3. pêtêng muksaning kucika | agagapan lir pendah têngah wêngi | sudira aruging-arug | syara sêbrak rêkatak | ting carêngkling gumropyak pating kalêpruk | cloroting mimis lir kilat | wênèh lir lintang mangalih ||

4. murub pasikêpaning prang | kang katiban ing mimis gutuk api | bêbahu tugêl sumiyut | kabuncang mimis sawat | wong kêbranan syaraning pating barêkuh | kang sênjata wus kaliwat | rog watang kuwêl mawal kris ||

5. lamêng tarung lawan pêdhang | ting kalêmpang sara putung cumêngkling | gada bindi ting kalêpruk | ondhe tarung lan dhadhap | paris tamèng kantar gumêbrag magêbrug | kèkèt maputrê glut mangkrag | gol binol cangklèt mapicil ||

6. magarot têkak-tinêkak | bak-jinambak pèngêl pisêk kapuntir | rah muncar pating salêmbur | babrak manguwak-uwak | nguwir dhêngkah sêmpal tatas bangke susun | sarah watang ing payudan | têmah asêgara gêtih ||

7. rawi-rawi rawa-rawan | lir sagra dhut cêblok kèlês ing jalmi | migak-migêk kang apupuh | tansah lantaran watang | sêprandene tan ana kang ngucap takut | dhasar sami warêg dona |

--- 56 ---

pênuh tuwuk sihing gusti ||

8. nir baya tanpa wikara | dhêdhêl ngarsa ing wuri jêjêl gili | mangkrag mangidak manubruk | borang sarang gêlasah | bangke awor asungsun-sungsun matimbun | kang bêndhe bèri mangambak | lir pênyu mijah ing tasik ||

9. lêlayu lumut bandera | kuda liman kadya palang jaladri | magêntar-gêntar gumêntur | langit kadya kumêlap | kadya bêntar bantala kang gunung guntur | pra dipati para menak | wus carub dènnya ajurit ||

10. tarung magarot padha lap | wijah-wijah kapang marakit-rakit | prang dharat syandana lêbur | sangking danguning aprang | kanin pêjah mangglusah kuda matumpuk | para dhaèng para rôngga | dêmang sinangsraya mantri ||

11. rêbut rok mangkral magalak | lêgak ginak manggoco karo krêris | tumbak matumbak matumbuk | magut pêdhang-pinêdhang | kontal mangrok gabah mangosik makiwul | kawal makuwêl putrêran | dhêngkah-dhinêngkah mangukih ||

12. Sônggalangit sampun pêjah | Balaruci nênggih ingkang nangani | Menak Slinggingan wus lampus | de Gajah Têpèngsara | sira Menak Prêmuja mati binunuh | ing Dewagung Walikrama | Menak Widuri ngêmasi ||

13. kinônta mring basutôntra | radyan patih mangamuknya kinalih | ing Buta Katbuta sangkut | pinêdhang kontal kentas | mawak-mawuk Kotbuta dènnya mangamuk | kawarna Dyan Layangseta | tanapi Layangkumitir ||

14. lir sulung mlêbu tumangan | wong ing Tuban kadya babadan pacing | bêbangke sungsun matimbun | sira Gôndamêstaka | lan Binarong manangis sayah mangamuk | rumaos karoban lawan | nungkêmi mring sang dipati ||

15. dhuh anggèr dipati Tuban | nêdha mundur ing prang kèlês katitih | sampun antawis pukulun | ngambah kosik katimpah | lah tuwanku anggèr suwawi lumayu | Binarong GôndasmêstakaGôndamêstaka. | pan samya gendholi wajik ||

16. angling sang dipati Tuban | hèh ta paman sampun ngregoni jurit | yèn ajrih dika lumayu | bupati lumuh pêjah | nora wirang sinêksèn dening dewagung | Brawijaya Majalêngka | ing nguni utamèng [uta...]

--- 57 ---

[...mèng] bumi ||

17. misudha ing balatantra | pinrih mulya urip tumêkèng pati | anjunjung wadya kasyayun | sinêngkakakên mring tawang |Lebih satu suku kata: sinêngkakkên mring tawang. lah ta paman punapa walêsing ulun | tan kudu malês sih nata | tangèh utamaning dasih ||

18. mung wignya anglungguhana | binupati sinunggun ing sêsami | tur sangking brêkating ratu | lawan sihing Sukmana | ran bupati bok ginawokkên mah umung | urip pêpacangan pêjah | kinudang sinêksèn bumi ||

19. pininta ulah utama | ginawokkên kamulyane ing pati | tur pati ingkang pinunjul | ingkang krêranakêrana (dan di têmpat lain). aprang | gunging urip marang pati wêkasipun | rupak jamaning agêsang | luwih langgêng jaman pati ||

20. tur pati ingkang utama | tampi mulya patitis ing sukmadi | lamun oncat ing panggunggung | wus kasêbut ing jagat | jroning pati pêsthi tan wurung katêmu | tur cinêla tibèng nistha | rèh ngoncati ing pamuji ||

21. rèhning saisining jagat | ing pamuji mulyane ingkang dasih | kinudang rahintên dalu | mông karsane ingoncatan |Lebih satu suku kata: môngkarsa ingoncatan. raga rusak aluse tan têkèng luhur | sia-sia tur kêjarah | ing Yyang Suksmana kang luwih ||

22. Binarong Gôndamêstaka | para mantri miwah para prajurit | ing wau manah wus mundur | kumêlab mring dewanya | sarêng sami myarsa ki rôngga kêng wuwus | tan ana kang malih tingal | mung dewanya kang kaèsthi ||

23. mangamuk manrot mangrêmpak | sikêp watang sawênèh karo krêris | wong wetan nadhahi gupuh | dhasar mangrobi lawan | sira Gondamêstaka sampun kêsambut | pêjah dening Walikrama | Binarong sampun ngêmasi ||

24. pêjah wor lan dewa sraya | para mantri lir sulung lêbu gêni | sang adipati manêmpuh | rinêbut ing akathah | sakudanya pupun. sangupati atêguh | tênapi panongsongira | awasta pun Wôngsapati ||

25. tan pasah dening kisyara | punang kuda tansah katiban mimis | atap lir prada agumyur | tinon agêbyar-gêbyar | sang dipati pamanahira mawêtu | sara makêthèn 2Baca: ro. yutan | wong wetan kathah ngêmasi ||

26. nuju dhadhaning ayuda | Baudhêndha risang Madura aji | wadyanira samya larut |

--- 58 ---

kacrucuk sara dibya | Sri Madura Buta Katbuta manêmpuh | tan tumama dening braja | mamrêm mangiwung mangungkih ||

27. Dyan Arya Jayapuspita | pêksa kiwul panggah tinigas kontit | pinêdhang kontal tinubruk | binuwang wus kêtampan | dene sira Madura binuwang mamprung | tibèng ngarsaning dipatya | gya mangsah wus dèn lancangi ||

28. Kotbuta nrêrajang galak | tinadhahan ing wadya Jodhipati | rinampog mamrêm agulung | singa pinêdhang pagas | Angkatbuta ngiwut sarwi miyak ganjur | nangkis amidak watang crah | pinêdhangan nora osik ||

29. singa rinasuk pinêdhang | pagas tatas wong Jodhipati gusis | Sri Bahudhêndha manglambung | sarya sikêp nênggala | sang dipati tandya jinojoh tan keguh | sinampe nênggala bigal | Sri Madura dèn lêpasi ||

30. dening kang sênjata dibya | wus malêsat tibèng jabaning baris | Kotbuta mêdhang mangrasuk | tinangkis ing gandhewa | pêdhang putung milar Katbuta manubruk | sinarêngan ing tiksyara | kentas malêsat lir mimis ||

31. Kotbuta malih nrêrajang | radyan arya patih sigra nadhahi | manggoco sru wantu-wantu | Kotbuta datan pasah | krêrotkêrot. gèbèl dyan arsa sampun kêcakup | maputrê binuwang kentas | tibèng siti ngancap malih ||

32. mangukêl rikma majambak | mancal lambung muwung curiga wanti | pinêngkang radyan sinambut | kinipatkên wus kentas | sang dipati anggêdhêg gandhewanipun | sênjata dibya lumêpas | Kotbuta kentas jêmparing ||

33. Gajah Têpèngsara mangsah | Balaruci angaro sang dipati | sikêp watang numbak asru | tinangkis ing gandhewa | wanti-wanti panumbakira tan tutug | sang adipati manêbda | durmane sira ambalik ||

19. Durma

1. lah pagene sira Gajah Têpèngsara | lan yayi Balaruci | tan nêtêpi sira | pamintaning juwata | tinitah nèng Maospait | tur binupatya | têmah Balèlèng gusti ||

2. lah elinga yayi mring Yyang Sukmanôngsa | krêrana juwatadi | kang ginlar utama | sumrah mulyaning kita | dene sira wani silip | watak kalunta | kaluputan dèn sêmi ||

3. saya ngungkih Balaruci Têpèngsara | sigra manumbak [manu...]

--- 59 ---

[...mbak] wajik | angglali tumbaknya | Ki Gajah Têpèngsara | Balaruci wanti-wanti | sinampe kontal | ngandika sang dipati ||

4. iki si wong lumuh têmên kabêcikan | nêmu apa ing pati | Têpèngsara nrajang | ngancap sarya amêdhang | brêmantya sang adipati | pêdhang kêtampan | pinutung tugêl kalih ||

5. narik katga mangancap nglarihi sigra | tinêpak gandewa glis | kang kêpala rêmak | wus pêjah kapisanan | Balaruci angunduri | Jayapuspita | anrajang karo krêris ||

6. Balaruci panumbakira angayang | ngawêt kang waja gathik | dyan patih amilar | pyak mancat ikêt pinggang | mangukêl rikma muwung kris | cêcêkok tatas | Balaruci ngêmasi ||

7. kawarnaa sira Radyan Purbarana | ingkang pangawak kering | wus kèsisan bala | tumpês sawadyanira | kinalih tiga tan osik | caruk padha las | kambah mangambah mangosik ||Lebih satu suku kata: kambah ngambah mangosik.

8. adipati Pêkacangan sampun pêjah | tinumbak dening biring | lawan Purbarana | sira sang rajèng Balega |Lebih satu suku kata: sira rajèng Balega. wus dangu asèlèh biring | Dyan Danurwenda | limpung wus tan ngênèni ||

9. alugora agênti datan tumama | ngantya rèrèn kang jurit | samya sayahira | sawusnya nginum dhasar | cangklèt malih silih ungkih | dhêngkah-dhinêngkah | mangglut putrê mangungkih ||

10. gênti junjung-jinunjung pan gênti kentas | gapyuk wong kèkèt malih | ya ta Krêtagnyana | kiping kanan kawarna | caruk wor bala magusis | akathah pêjah | padha tos silih ungkih ||

11. Dewataka rajèng Bandhung digdayèng prang | tumbak-tinumbak gênti | apêdhang-pinêdhang | suduk-sinuduk panggah | gada-ginada mawanti | samya sudira | karingêt mêtu gêtih ||

12. anggêlasah cêcêpêngan ikêt pinggang | samyandheprok nèng siti | ajèngkèng rumangkang | pupuh-pinupuh tandya | pating barêkuh sang kalih | gagap-gagapan | pating glêrêng kapyarsi ||

13. gantya garot-ginarot gumrèt kang waja | loyo wor wus ngêmasi | wadyanya tumpêsan | nigan sapêtarangan | rêmuk wor tan ana kari | gêntya kawarna | sira Sri Urubêsmi ||

14. bantu mangsah bala manglingkung ing prang |Kurang satu suku kata: bantu mangsah bala manglingkung ing aprang. muwah kang para aji | prajurit magiyak | rukdhênggung galagothang | bajobarang cukilmanik |

--- 60 ---

wong gathudara | juranggathu mangungkih ||

15. surabêthot tanapi wong surarayah | gumulung ngêdrèl wani | anyanggah manyrampang | anggrènèng ganthol kumrab | amasrê miwah nyêmpuling | syara lir grêrah | kênthung bèri munya sri ||

16. kang ayuda wiwit enjing ngantya asar | tan ana kang gumingsir | rêrêmponing ajang | ya ta sarêng tinunjang | smringmring. sira Sang Urubêsmi | amblês katimpah | tan bisa kawus jurit ||

17. kadi glana sinambrê dening pradôngga | mawut sisaning pati | kang lumayu rêbah | kang borangsara rangap | bangke lir babatan pacing | rahnya rêrawan | amili lir bênawi ||

18. wong Blambangan dhasare padha ungaran | mangêdrèl tan dèn gopi | ya ta sira risang | adipati ing Tuban | wadya wus brastha ngêmasi | kèsisan bala | amung kari dyan patih ||

19. baris kilèn kadya ta dhawuh ambêdhah | larut tatan. môngga pulih | mung kari lajrênya | sira sang adipatya | asongsong maliyo kuning | nglela kêtawang | nitih pun Sangupati ||

20. Radyan Jayapuspita ambuntut kuda | samya angliga krêris | wong wetan mangrêmpak | maju-maju katulak | ing panah prêbawa musthi | sapirang-pirang | wong wetan kang ngêmasi ||

21. Sang Sri Bêsma sakêlangkung dukanira | tandya ngawaki jurit | têdhak sing matêngga | saha mangikal dhêndha | kumutug mawulat agni | kang bala surak | kênthung bèri tinitir ||

22. nguwuh-uwuh sru bêlik Sang Urubêsma | hèh Rônggalawe Tubin | lah payo nututa | eman têkèng palastra | mendah ta sang prabu dèwi | yèn sira pêjah | tangise ngrèndèng ati ||

23. lawan sapa ingsun aku maratuwa | talingan lir sinêbit | nabda winor gumya | sira sang adipatya | Menakjingga pêksa luwih | digung kuwawa | aja kakehan angling ||

24. Prabu Bêsma nrêrajang gya linêpasan | ing panah dibya musthi | makentas kabuncang | kuwalik tibèng lêmah | mangsah milar sarwi bêlik | macundhuk kentas | tibèng siti kuwalik ||

25. sakêlangkung Sri Bêsma ing dukanira | sigra manitih èsthi | gya nandrênandêr (dan di tempat lain). magalak | prayitna sang dipatya | surak lir karêngèng langit | gumrah gumêntar | kênthung bèri tinitir ||

26. kalih sami andhatêngakên prabawa | buh bayubajra prapti | kêkuwung manglayang | obar-abir [obar-a...]

--- 61 ---

[...bir] tumawang | teja wangkawa mênuhi | kang puspawarsa | siram-siram nrus minging ||

27. sarêng cêlak arsa mangrênjahkên liman | Urubêsma pinusthi | kinalih sênjata | tumibèng jaja kentas | dhawah sajawining baris | kang punang gajah | têlale tigas pacing ||

28. manggro mangrik manandrê punang dirada | grupyuk pun Sangupati | dyan patih trêngginas | gajah nulya ingancap | ginoco ingkang pok kuping | atuna dungkap | pan nora miyatani ||

29. liman anggro dyan arya rinênjah-rênjah | gadhingira manukit | dyan arya lumumpat | mubêng apêputrêran | nusup manggoco dyan patih | punang andhêman | cêcêp manggro kang èsthi ||

30. sru gumêbrug rêbah liman kapisanan | ya ta Sang Urubêsmi | saya sru brêmantya | mangsah malih katulak | tiba satêngahing baris | sara kumrapyak | putung pating carêngkling ||

31. wadya wetan amirut gègèr puyêngan | kurdanira tan sipi | Prabu Urubêsma | pinalih wadyanira | undhang kinèn ngrutug bêdhil | mariyêm gurnat | kalataka mawanti ||

32. kadya gêlap sakêthi sarêng mangampar | tansah ngurugan mimis | sang dipati Tuban | sangking ing katêbihan | tinangkis sara kang mimis | ajur manulak | wênèh lajêng ngênèni ||

33. tibèng jaja wênèh kadi sêsunggingan | panongsongira kanin | Wôngsapati rêbah | tatu wus ingambênan | rikat malih Wôngsapati | ngadêg tan pisah | ya ta sang adipati ||

34. datan pêgat nglêpaskên sênjata dibya | ewon makêthi-kêthi | samya kathahira | mimis mayuta-yuta | sira risang adipati | sumpingnya gigal | katrajang dening mimis ||

35. galihira kumêsar sang adipatya | tandya songsong kapusthi | dhadhaniradhandhanira. patah | sigra muluk mring tawang | Wôngsapati dèn kêjèpi | kinèn lumajar | ya ta sang adipati ||

36. nêngèng tawang ningali pintuning syarga | binuka ngraras asri | gya Yamadipatya | prapta lan pra juwata | ambakta maligi rukmi | lan widadarya | mijilkên buratsari ||

20. Mijil

1. wus mursita yusyaning dipati | sêksana gya layon | punang kuda pun sangu pêjahe | anging maksih kagêm sang dipati | saniskara sami | lir duk uripipun ||

2. kaprêbawa dening sang dipati |

--- 62 ---

asurèng palugon | ya ta sawusnya seda ing mangke | kuda rêbah kêng layon gumuling | gêpah radyan patih | andrês kang punang luh ||

3. sêsambatnya sru kawêlasasih | adhuh gustiningong | datan sagêd akantun dasihe | antènana ing pêngarib-barispêngarib-arib. | sun nusul ngêmasi | gusti dasihipun ||

4. anjalmaa ping pitu ya kari | nèng syarga sun êmong | ngranu pada gusti kawulane | datan sagêd angabdi lyan gusti | dèrèng ngraos dasih | malês sih pukulun ||

5. tansah ngungsêp-ungsêp radyan patih | nungkêmi kang layon | Urubêsma wus awas tingale | têkèng lena sang dipati Tubin | sawadya kusya sri | marêpêki gupuh ||

6. sarêng cêlak dyan patih ngadhangi | datan suka ingong | aja sira mrêpêki layone | kêlamun ta ingsun durung lalis | Menakjingga anjing | patènana ingsun ||

7. Sang Sri Bêsma angabani dasih | wadya kinèn ngrocok | mring dyan patih lumêksana age | pirang-pirang kêng kusyala pipit | tan ana nêdhasi | radyan nguwuh-uwuh ||

8. sarwi jèngkèng angadhangi jisim | Menakjingga kang wong | mara ingsun patènana dhewe | Sang Sri Bêsma sigra marêpêki | dyan patih binindi | pok talinganipun ||

9. lumêstantun seda ing ajurit | anunggil sêlayon | Sang Sri Bêsma aparentah age | kinèn nacah-nacah layon kalih | tan ana nêdhasi | tandya kinèn ngêpruk ||

10. sigra pinoporan punang jisim | tan tumêkèng layon | tansah wayang-wayangan jisime | gya parentah Prabu Urubêsmi | kinèn ngabong aglis | sêksana tumanduk ||

11. rêrêmukan pasikêpan jurit | kadi gunung tinon | ngundhung-undhung gya sinumêt age | cinampuran sundawa brandhuwin | mubal punang agni | gandanya mrik arum ||

12. pra juwata para widadari | supênuh nênonton | angurugi ratus kêsturine | ngarab-arab dahana lir wukir | punang layon kalih | murcita wor kukus ||

13. sakarine wadya kang ngêmasi | makanin mangrempong | wênèh ingkang gulung wor mayite | myang kang angum mring rêrawan gêtih | gya ingosak-asik | mring wong wetan gupuh ||

14. wênèh ingêdrèl myang cinêmpuling |

--- 63 ---

kinêpruk sinasoh | Purbara Danurwinda rajèng |Kurang satu suku kata: Purbarana Danurwinda rajèng. apan sampun pêjah woring jurit | layonira mêksih | kèkèt kalihipun ||

15. kawarnaa Dyan Seta Kumitir | nèng buntar palugon | wôngsa ing jro pinêpak barise | pan sêdyarsa mangantêp ing jurit | wadya galong pipis | saknêmbang manggrêgut ||

16. mêmpên nèng wana trataban sami | ampingan jurang jro | sagunging wong cêcawêtan kabèh | aprayitna angawêt jupiping | brêngose pinuntir | amandêng dêlanggung ||

17. kêsaru praptanya Wôngsapati | wong Tuban pênongsong | tatu jaja ingambên kanine | miyak wana dènira lumaris | kagyat radyan kalih | pan sinêngguh mungsuh ||

18. saya cêlak dyan kalih ningali | tan supe pênongsong | gêpah-gêpah tinanya wartane | adingalaga matur Wôngsapati |Lebih satu suku kata: adilaga matur Wôngsapati. saniskara jurit | ki rôngga kêsambut ||

19. têtumpêsan akêdhik kang kari | payudan rêrêmpon | Radyan Seta Kumitir gla tyase | dadya wurung dènnya ngantêp jurit | kêsaru loroding | wong kang kawon pupuh ||

20. wong kêbranan ngrarintih anangis | sêmarga ting blacor | wong sêsambat gumrumung syarane | opyak mungsuh Dyan Seta Kumitir | sigra nitih wajik | adhadhal lumayu ||

21. wôngsa ing jro mlayu rêbut urip | jinêjêl tan alon | gumarubyuk ing marga syarane | ting jarêthot manasah wanadri | akathah kuwalik | ikêt tumbak runtuh ||

22. tan tinolèh kudanya binêndring | wênèh ana magok | sigra mudhun tinilar kudane | wadya dharat samya angrêrintih | tinunjangan wajik | sambat adhuh biyung ||

23. kang sawênèh padu lan pêkathik | dutane binoncong | ginêndiran sarya mungkur bae | sikêpira anglombroh tan osik | dhadha dèn kêpithing | sarya ngruru apus ||

24. ya ta sira Prabu Urubêsmi | wus kondur makuwon | dhatêng Prabalingga sawadyane | kathah longe bala kang ngêmasi | dêstun cacah jalmi | kari pitung atus ||

25. èsmu lêgok manahe sang aji | wadyanya rêrêmpon | rangu-rangu manglanggar jurite | mêne gênti ya ta kang kawarni | nagri Maospait | mahsang kumarèng rum ||

26. kasêngkêlan [kasêngkêla...]

--- 64 ---

[...n] ing driya wiyadi | rèh Sindura layon | Majalêngka ilang bêbanthènge | wimbuh ginubêl mring rarasati | tan pêgat apamit | sumusul ing lampus ||

27. sêdya lêbu tumangan nglabuhi | ing rama sêlayon | tansah sarya seta busanane | tanpa dhahar kêlawan aguling | waspanya drês mijil | ing siyang myang dalu ||

28. akaruna Dèwi Rarasati | manglayung jyalanglong | prabu rara wagugên ing tyase | tansah ngimur mring Dyah Rarasati | jinum sêbda manis | sêpêt madu juruh ||

21. Dhandhanggula

1. yayi aja wigêna ing galih | wus pinêsthi janjining juwata | paman Sindura ajale | kêsambut ing apupuh | iku pati ingkang linuwih | mulya datan antara | laju mring syargagung | nglabuhi ing rèh raharja | nora ginggang ing sabda kang wus kawijil | prêcayèng sukmanôngsa ||

2. alah sira dene paman yayi | gênging trêsna miwah puja môntra | mung sira kêng dadi tyase | prandene nora ketung | labêtnya mrih tamèng ing bumi | tinruskên ngariloka | krahayon ginêlung | gulang langgênging sampurna | yayi aja anggalih kang wus angsal sih | kinarsaning Suksmana ||

3. kapindhone dènira mrih puji | kalok ing prang sura kawidikbyan | sira kang dèn titipake | yayi mring jênêng ingsun | rèh tan darbe atmaja kalih | yayi pan amung sira | kang sinukmèng kalbu | têmah lêbua tumangan | tan tama trus ing urip tumêkèng pati | mung sira olèhira ||

4. namung kêpatèn ingkang pinanggih | sênadyan ta yayi kêpanggiha | yèn durung tama uripe | yayi nora pinunjul | tur ta siya-siya mring jisim | balik dipun narima | ing dewa kêng agung | sinau olah kamulyan | Majapait sira milu andarbèni | anggung kalêngkaning rat ||

5. iku yayi kasyargan linuwih | lamun wignya yayi olah jagad | sêmbada pamrês budine | tumêkèng pati luhur | nikmat tulus sihing sukmadi | syarga saya embah |Kurang satu suku kata: syarga sangsaya embah. ngarilokanipun | witning ingkang iki apa | yayi dèwi kinarya lakoning bumi | prandene sun narima ||

6. pirabara benjang têmbe yayi | linuwarkên sing gêlah sungkawa | sun lindhungkên dewa bae | yèn sira trêsna tuhu | marang ingsun karyanên yayi | gagêntining sudarma | kamuktèn pinandum |

--- 65 ---

yayi pan wus bêgjaningwang | bêjanira wong roro padha nglabuhi | yayi aja sêlaya ||

7. amituhu Rêtna Rarasati | sinung sêbda sumèh sumrik sumrah | rumêsêp ing tyas arine | gantya ingkang winuwus | amangsuli kandhaning nguni | duk Patih Maudara | darbe putra jalu | abagus suwarnanira | sinung têngran nênggih Radyan Damarsasi | putra pintaning dewa ||

8. samendraning buwana tan manggih | sakurêbing akasa tan memba | saklangkung langkung baguse | lir Yyang Asmara nurun | nora mèmprê pan nora mirib | iya Sang Yyang Asmara | iya Damarsantun | singa mulat lêlêng brôngta | syaranyarum manganyut yusyaning èstri | manggung karya la-êla ||

9. wus karsaning juwata linuwih | sanagri Jawi pan namung punika |Lebih satu suku kata: sanagri Jawi pan mung punika. miwah ing suralayane | sakèhing bagus-bagus | alus-alus myang sigit-sigit | dêling mangraras-raras | myang kêng rayung-rayung | manglêntrèh myang mawilêtan | manis sumèh prak ati mendraning angin | kari ampas sêdaya ||

10. kumarane ngambilan wus ênting | kinumpulkên anèng Damarwulan | tangèh kinandha baguse | bagus ratuning bagus | lir mêmanon rêtnaning bumi | tur bumi ingkang mulya | kamulyan wong bagus | kaelokaning kasyargan | kalêngkaning lêng-lêng kalunglun linuwih | luwih Dyan Damarwulan ||

11. wus ginêbag titahing sukmadi | adènira sampun ingambilan | angumpul sinaring manèh | pinèt ing sarenipun | sarimulya sinaring malih | ingambil cahyanira | kang cahya binubut | kantun galihe kewala | gya pinusus pinatut ing dewa luwih | dadi Dyan Damarwulan ||

12. dudu wulan ingkang andamari | dudu srêngenge kang karya padhang | pasrahêna kang adarbe | ingkang darbèni suwung | suwungira ginêlar yakin | grahitanên dènira | satuhune kawruh | kawruh kang mêsthi utama | utamane ing urip tumêkèng pati | wrêrana Damarwulan ||

13. amangsuli caritane malih | Sang Yyang Tunggulmanik garwanira | Dyah Campursari wangine | anênggih putranipun | Yyang Musthikamaya Maharsi | pilênggah Paluhômba | kasêbut bêbuyut | pandhita angrôga suksma | gêntur tapa sampurna ingkang

--- 66 ---

pamuji | puji pinuja môntra ||

14. Yyang Tunggulmanik lan Campursari | ayêyoga Radyan Damarwulan | timur têkèng diwasane | ingêmong mring sang wiku | Paluhômba ingkang palinggih | buyut Musthikamaya | ya ta dyan kawuwus | sinung kalih Pamongjiwa | roro sanak sêntana Yyang Tunggulmanik | Sabdapalon kang tuwa ||

15. Nayaginggong raning punang ari | pandhita samar-sinamuring sêbda |Lebih satu suku kata: pandhita samar-sinamur sêbda. cucut ing sapratingkahe | pinêndhêm datan bawuk | nora gêsêng ingobong agni | pangucap sapangrèhnya | dadi pujènipun | tinarima ing Sukmana | parpat kalih tan pisah lan radyan mantri | musakani ing lampah ||

16. pan ing mangke Radyan Damarsasi | pamit eyang sumêdya suwita | mring Majalêngka rahadèn | sang wiku angsung tuduh | lamun prapta ing Maospait | kinèn jujug kya patya | tur sudarma tuhu | sapakon kinèn lumêksya | mèstuting rèh datan kawarna ing margi | prapta kikising kitha ||

17. tuhu bagus rahadyan minantri | kampuhira gadhung panarês mas | kinonang-konang sakêbon | sabuk pita sinawur | clana cindhe sêkar pinrêsmi | jamang mas kinartipa | winarjasèng santun | asumping côndrawirama | rumbing rêtna pinindha sêkar mêlathi | dhuwung kinaturôngga ||kinaturêngga.

18. wayang-wayangan dènnya lumaris | kêsuluh dening yyang arkamaya | gumêbyar ing pamulune | yang-yang Asmara nurun | pan ingiring parêpat kalih | radyan ing tindakira | èbêg wong andulu | singa mulat lêlêng brôngta | cêngêng kumyus karingêtira drês mijil | kasamput ing asmara ||

19. pan awêndran gumrah wong ningali | mondrèng dêdungik lan sambiwara | lir mati ngadêg ciptane | ana kang ngusab rambut | wênèh payudara liniring | wênèh kang ngêmban anak | pinindha kêlayu | wênèh ingkang wade sêkar | rawe-rawe sêkare dipun arasi | sêmune anjêjawat ||

20. wênèh wanodya kapêthuk margi | pan ajêjrê nora bisa lunga | angêtutkên paningale | nadyan samining kakung | lênglêng mulat abrôngta kingkin | radyan ing tindakira | samarga tumungkul | Sêbdapalon Ginggongnaya | lêlakone pikire pinikir-pikir | lowung nyumbang wiraga ||

21. mawak sêngguh sasigar

--- 67 ---

sadhuwit | layanganira sinawang-sawang | têka mundhak cucut bae | malênthèt wêtêngipun | kulitira akinyis-kinyis | kaku rasaning manah | tan ana kang dulu | tuwas kari lan gustinya | ya ta lampahira rahadyan minantri | prapta ing kêpatihan ||

22. sampun katur ring rêkyana patih | lamun ana wong nêdya ngawula | ya ta ingandikan age | kyana patih anuju | pinrak dhampar ing mandesari | Damarwulan duk prapta | ing natar kasuluh | ing rawan agêbyar-gêbyar | kyana patih kagyat sarêng aningali | lir mulat danasmara ||

22. Asmaradana

1. dyan mantri bukuh alinggih | nèng ngisoring papêthetan | dangu tan dinuk liringe | sinamun sinambi mucang | sarwi gêbêg landhean | tansah nyalongnyolong (dan di tempat lain). liringipun | pangunadikaning manah ||

2. iki si wong bagus luwih | lawas sun nèng marcapada | katêmbèn têmên sun tumon | dudu ing suwadenira | baya pujan juwata | yèn ta kawêntarèng luhur | ngurungake lêlampahan ||

3. Ki Seta Layangkumitir | yèn luput-luput kasingsal | kêlamun ta bocah kiye | awèta nèng Majalêngka | nora wurung kinarsan | ing sang maha ratu ayu | ya ta ewuh apa ingwa ||ingwang.

4. gya ingawe radyan mantri | majêng wus tumamèng ngarsa | kya patih sêbdanira lon | jalma ngêndi sira bocah | arsa suwita mring wang | wotsêkar radyan umatur | ulun rare Paluhômba ||

5. Maudara kang sêsiwi | sumêdya angranu pada | dhatêng panduka wiyose | pun Damarwulan wastamba | kyana patih ngandika | sun takon mring sira kulup | sapa ingkang angsung nama ||

6. matur rahadyan minantri | inggih sudarma kawula | ya ta kya patih lingnya lon | yèn mêngkono sira bocah | iya kaponakan ingwang |Lebih satu suku kata: ya kaponakan ingwang. nanging luwih abotipun | wong ngawula marang ingwang ||

7. sira apa anglakoni | marang sapituduh ingwang | ya ta dyan mantri ature | inggih sakarsa panduka | kawula tan lênggana | ing gêsang tumêkèng lampus | sapangrèh ulun sêndika ||

8. ya ta wong sadalêm puri | samya mangintip rahadyan | supênuh kêng para sinom | samya gupit-ginupita | cêngêng lênglêng tumingal | lir dudu manungsyamanungsa (dan di tempat lain). tuhu | ya uga juwata mulya ||

9. ingkang satêngah pawèstri |

--- 68 ---

kêgagas karasa-rasa | wênèh kang ngambung kancane | wênèh ngusap-usap jaja | sawênèh kirab rikma | sawênèh amijêt lambung | gêmpung nguyap sikut bêngka ||

10. wontên kawarnaa malih | putranira kyana patya | Anjasmara sang lir sinom | arsa marêk ing sudarma | sarêng prapta ing pura | kagyat pawongan dêdulu | samya mulat tamu prapta ||

11. sang dyah laju marêpêki | mangintip anèng wrêrana | sarêng andulu warnane | ing Radyan Damar Sêsôngka | kumêsar galihira | gumêtrê sariranipun | sêkala tan paja muga ||

12. wimbuh duk rahadyan mantri | umatur mring kyana patya | arum amanis syarane | kumênyar soroting waja | lir thathit rêbut papan | sang dyah kêtêgnya sumawur | tanbuh raosing wrêdaya ||

13. amawang-mawang kêliring | liringe Radyan Sêsôngka | padhang lir wulan sumorot | kêng cahya nglela gumilar | gilang anrusing tawang | lir muksyèng ênggon sang ayu | kêna ing pêngaribawa ||

14. ya ta sang rêtna marêngi | ngasta sêkar sumarsana | ing wau tan kantos kangge | maksih ingasta kewala | grègèli tan kêrasa | gya mundur mring dalêmipun | gandrung-gandrung nandhang brôngta ||

15. brangtanira amilêd sih | sumaput têlênging driya | sarya ngrimong kasmêkane | Rêtna Dèwi Anjasmara | dahat kunjana papa | ing sasolah tingkah ngungun | biyadaning kêpatihan ||

16. tan lyan kaciptèng ing galih | mung Radyan Damar Sêsôngka | wadung pari sira radèn | kaniaya angsung brôngta | sêmbung pita ing têgal | sun samur mêksa kagugu | satriya ing Paluhômba ||

17. jahe wana sun wêstani | kêng ati poyang-payingan | labête dhêmên dhèwèke | galêpung panitrèng surya | sun lêlipur tan kêna | kêbo bang kagok kang sungu | sêpira rasaning driya ||

18. ramon kali wong ambênthing | toya mijil ngawang-awang | pirabara ingsun radèn | wawuh lawan jêngandika | parikan sari boja | sun têtêdha mring dewagung | dadia tuwan kawula ||

19. kêpuh gung awoh kênari | dhandhang wiring saupama | sok aja alunga bae | sira sangking kêpatihan | yuyu langking samodra | sun rowangi adol pinjung | darbe sobat lawan dika ||

20. sênsaya

--- 69 ---

kandhowankandhuhan. kingkin | amayang sucipta brôngta | barang winawang esthane | satriya kêng anyar prapta | kêng kèsthi kasat mata | kumanthil anèng jêjantung | pawor lan budi kasmaya ||

21. sang dyah wus minggah jinêm mrik | mujung kampuhira jingga | ngisêb-isêbngisêp-isêp. gêgulinge | tambuh surasaning driya | baya karsaning dewa | sang dyah kêbanjiran wuyung | ginoyang ing madubrôngta ||

22. malih warnanên kya patih | ngandika mring Dyan Sêsôngka | iya sun anggêp dhèwèke | angawula marang ingwang | pirabara ing benjang | sira sun paringingparingi. lungguh | dhingin maganga kewala ||

23. kêlawan yèn ingsun nangkil | sira aja milu seba | kariya nèng wisma bae | wantu sira anyar prapta | sosoa tambung lampah | yèn kêpranggul mring wong agung | sira maksih mambu desa ||

24. matur nuwun radyan mantri | kya patih malih ngandika | lan sira sun wèhi gawe | sawawêngkoning paseban | regol myang lêlurungan | poma aja kongsi jêmbrung | lan sakèhing papêthetan ||

25. patutên ingkang awingit | rampasana ingkang rampak | aja pêgat sêsirame | lan sira aja angambah | sajroning pêlataran | sigug tur durung tau wruh | pratikêle wong nèng praja ||

26. matur sandika dyan mantri | malih kya patih ngandika | lawan sira ngiras gawe | ambumèni lawang jaba | lan aja lunga-lunga | dèn awas wong mlêbu mêtu | lan yèn ana wong gêgawa ||

27. dèn titia nênakoni | wruha pakaryaning lampah | lan yèn ana sandining wong | sira ingkang katêmpuhan | sabab wong tunggu lawang | sêdene pala gumantung | sawawêngkoning paseban ||

28. cacahna ingkêng atiti | lumrah gadhangan utama | titi patitis karyane | angêdohi sukaning tyas | ya tungkul ing wêweka | dèn sêm mring pakaryanipun | tan kêna manah ngrêsula ||

29. saparentah dèn nglakoni | sêdyakêna dadya tapa | bêktakna mring juwatane | sêdene marang manira | radyan matur sandika | ya ta lêluwaran sampun | wus mêdal Radyan Sêsôngka ||

30. ya ta parêpatnya kalih | wus samya sinungan wikan | rêkyana patih karsane | Sêbdapalon Ginggongnaya | tandya sami mirantya | ngrampas nyarog bêsik lurung | anyirami papêthetan ||

--- 70 ---

31. wowohan dèn bêrongsongi | sarta winilang sêdaya | myang têngga paregolane | sagunging wong manjing mêdal | samya kandhêg ing lawang | bomblong mulat sang binagus | miwah pra wanodya ing lyan ||

32. samya sande darbe kardi | langkung regol kêpatihan | jatine kudu wruh bae | dhatêng Radyan Damarwulan | sawiyahing wong gêsang | singa mulat lêlêng ngungun | mring sang karya êla-êla ||

33. miwah kusumaning adi | Rêtna Dèwi Anjasmara | noyanora. mili utusane | sandika namur cundaka | ni êmban lan ni inya | ngrakêti mring sang binagus | bara-bara karyanira ||

34. sasaniskara atiti | ing purwa madya wusana | mêkolèhi pitêmbunge | nanging radyan wus grahita | sasolah mambu manah | kêcinbacin. aruming pitêmbung | rarasên mitèng aprana ||

35. pranane anuju ati | sêmune anandhang brôngta | tur dudu karyane dhewe | radyan sêklangkung ajrihnya | kathah tampi ing sêbda | angêdohi ing rèh luput | mendah dhêndhaning juwata ||

36. sarta pamêlèhing bumi | yèn gingganga ing panyipta | puja môntra ingsun manon | sêdene anglanggatana | nalar ingkang tan arja | mila sakêlangkung-langkung | sêtya tuhu mring ki patya ||

37. ya ta kang parêpat kalih | Sêbdapalon Ginggongnaya | apan nutug kamuktène | kathah wong munjung panganan | kapencut ing cucutnya | kathah sung jênang bêkatul | plèk-êmplèk angkêp-angkêpan ||

38. bulus angrêm lawan inthil | sêga giling lawuh kêthak | cabuk lawan balothonge | kathah ingkang samya trêsna | sarya èngêt ing kina | kalih kyulawarganipun | ing nguni Sang Maundara ||

39. abdi têtumbaling bumi | amusakani ing lampah | tur den ugung ing gustine | ngiras dadya palawija | cucut ing warnanira | Ki Sêbdapalon atêguh | kandêl pacaking wêdana ||

40. wêtêng wêlêr mata ngiyip | pantês timbula ing braja | lawan malih kang pinêthèk | adhèmês tênaganira | pantêse wong punika | alêmbut pradhah ing sanggup | Ki Nayaginggong ing warna ||

41. cebol kêpalang acanthik | irung sunthi bathuk banyak | angglingsêng pakulitane | netrane bundrê ngantirah |ngatirah (dan di tempat lain).

--- 71 ---

mung siji pêthèkira | wiraga pêngadêgipun | amantêp têguh yuwana ||

42. kalih kanisthaning dadi | mungguh ing cangkêm karutnya | nging mantêp pakaryan abot | tan duwe susahan manah | tansah atêtêmbangan | mapan sêngkêl-sêngkêlipun | alêlagon roning kamal ||

23. Sinom

1. ya ta ingkang kawarnaa | maha sang narendra dèwi | siniwi pra adipatya | miwah ingkang tôndha mantri | supênuh gunging nangkil | jajarannya tundha pitu | bandera warna-warna | mangubêngi ing sitinggil | dorapati jagabela lan prangtandang ||

2. miwah wong wisa pracôndha | nyangkragnyana wanèngpati | wirutama satrutapa | adisura surèngpati | tinon mawarni-warni | busana abra asantun | kyana patih ngandikan | minggah dhumatêng sitinggil | lawan Radèn Sêsimping wus praptèng ngarsa ||

3. ngandika sang prabu rara | paran baya kang pawarti | paman Rônggalawe Tuban | gènira umagut jurit | miwah Seta Kumitir | tansah sumêlang tyas ingsun | dene paman Sindura | adigung prakosyèng jurit | sêprandene tiwas anèng adilaga ||

4. umatur rêkyana patya | ing pandugi kula gusti | inggih ugi bangkat karya | pun paman dipati Tubin | mumpuni ing ajurit | pasah dhatêng agal lêmbut | datan kuciwa ing prang | pun paman amiyatani | inggih ugi pasah dhatêng Menakjingga ||

5. utawi pun Layangseta | miwah pun Layangkumitir | kados tan tiwas ing aprang | kalih sami mitadosi | guna pagunan ngênting | ing kadigdayan pinunjul | wignya angabên bala | ngawaki tan nguciwani | inggih ugi kalih sami bangkat karya ||

6. sang prabu rara ngandika | èsmu srêp pamêdharing ling | bênrê aturira bapa | nanging ingsun nyêlayani | karsaning juwatadi | bapa kaya durung tutug | dènnya karya lampahan | iya marang awak mami | ya mulane sumêlang rasaning driya ||

7. ya ta malih angandika | dhatêng Sang Dyah Rarasati | paran baya duganira | yayi paman adipati | matur Dyah Rarasati | pandugi kawula prabu | kados unggul ing aprang | dene ta ngantos alami | lamènira ngutamèkakên [ngu...]

--- 72 ---

[...tamèkakên] ing lampah ||

8. yèn ta supami tiwasa | kados wus atur udani | para mantri pra prawira | kêng samya kinanthi jurit | ing mangke wus antawis | tan wontên pawartosipun | eca lagya ngandika | risang mahaprabu dèwi | gya kêsaru praptane Dyan Layangseta ||

9. lan Layangkumitir samya | sigra-sigra radyan kalih | gumrubyug sabalanira | praptèng pagêlaran aglis | tandya ngandikan sami | minggah dhatêng sitiluhur | lan Rôngga Minangsraya | miwah Ki Menak Giyanti | praptèng ngarsa umatur Dyan Layangseta ||

10. sapratingkahing ngalaga | myang andhap ungguling jurit | sedanya dipati Daha | miwah dipati ing Tubin | sapatraping ajurit | ingaturakên sêdarum | purwa madya wusana | apan jinarwa wus titi | sapatute rada ngalingi sarira ||

11. ya ta sang prabu wanodya | sapandurat tan kêna ngling | duk myarsa ing aturira | Dyan Layangseta Kumitir | jêngkar sang prabu dèwi | sigra kondur angêdhatun | kyana patih lan para | nararyya maglaran sami | tandya mijil Ni Sêpêtmadu Wilaja ||

12. andhawuhakên timbalan | dhumatêng rêkyana patih | ing mangke karsa narendra | animbali ingkang bibi | garwanya sang dipati | ing Tuban saputranipun | dene ingkang lumampah | Ni Sêpêtmadu pribadi | lawan wadya kliwon jawi sapêngiwa ||

13. sandika ture ki patya | gya pininta-pinta sami | kang badhe tumatêngdhumatêng. Tuban | ya ta lurah para gusti | Wilaja malbèng puri | gya mangkat Ni Sêpêtmadu | lawan kaliwon jaba | Menak Blêgêdhug lan malih | Menak Tunjung Sabuk Talidatu lawan ||

14. Sabukjanur Talimimang | gêgancangan anèng margi | wus lêpas ing lampahira | ya ta kang kinôndha malih | sagunging kang anangkil | sêdaya luwaran sampun | ing dalu tan kawarna | enjing Dyan Seta Kumitir | samya sowan dhumatêng ing kêpatihan ||

15. gulang-gulang anèng ngarsa | kajinêman amrêrapitamêrapit. | ginarêbêg bala tôntra | asikêp pêdhang lan tamsir | tawoktowok. kantar suligi | talêmpak tanapi busur | ya ta sapraptanira | kêpatihan regol jawi |

--- 73 ---

kagyat mulat wong bagus manglong nèng lawang ||

16. cahyanya amindha wulan | lir Kumajaya sing syargi | karêngga dening busana | tangèh winarnèng palupi | radyan panas kang galih | wus têdhak sing kudanipun | tandya ngasta talêmpak | mrêpêki rahadyan mantri | wadyanira akubêng samya prayitna ||

17. angandika Layangseta | dhumatêng Dyan Damarsasi | lah sira iku wong apa | manglong-manglong anèng kori | lan wong têka ing ngêndi | lan malih sapa aranmu | matur Radyan Sêsôngka | ulun abdine kya patih | dasih inggal awasta pun Damarwulan ||

18. tiyang sangking Paluhômba | Maundara kang sêsiwi | ing mangke ulun kinarya | magang ngiras kêmit bumi | lan kinèn têngga kori | Dyan Layangseta sru muwus | nadyan ta tunggu sira | iki lawanging dipati | nora patut tingkahmu sawênang-wênang ||

19. cêdhis desa kurang ajar | bênyunyukan tanpa kering | dene ingsun tan rumôngsa | duwe cacêndhêng wong dèsi | ingsun putraning patih | mendah ta pocapanipun | duwe sanak wong desa | jaban rangkah tanpa èksi | Dyan Sêsôngka matur minta pangaksama ||

20. inggih radyan jênang sela | dèn agêng pangapuntên sih | ing wong desa anyar prapta | sumangga yèn ngaping kalih | ing sapisan puniki | ngapuntêna lêpat ulun | Layangkumitir sigra | amundhut kang punang krêris | Dyan Sêsôngka èsmu mundur datan suka ||

24. Durma

1. Layangseta sakêlangkung dukanira | manêntak dènirangling | lah mara ulungna | krêrismu mring yayi mas | yèn sira kêpati-pati | angungkuhonaangukuhana. | curiganira pêsthi ||

2. nora wurung sira tumêka ing pêjah | matur Dyan Damarsasi | kados pundi radyan | duka ing kawêlasarsa |Lebih satu suku kata: duka ing kawlasarsa. dhuwung tilaran sudarmi | arsa panduka | pundhut paran dyan mantri ||

3. Radyan Layangkumitir sarêng miyarsa | talingan lir sinêbit | dhasare brangasan | bambang pring mara tangan | tan kêna pinadhan ing ling | sigra manumbak | dhatêng Dyan Damarsasi ||

4. wus tinampan ya ta kêng godhi cinandhak | sêndhal-sinêndhal wanti | Radyan Layangseta | manumbak sangking kiwa | wus kêtampan punang biring | sinêndhal datan | kongsikongkih. rahadyan mantri ||

5. tansah matur radyan kados [kado...]

--- 74 ---

[...s] pundi radyan | kawula anuwun sih | pantês-pantês radyan | ngapuntên dasih inggal | saya duka radyan kalih | manarik pêdhang | ngrasuk manabêt manitir ||Lebih satu suku kata: ngrasuk manabêt nitir.

6. Radyan Damar Sêsôngka mundur sing papan | pinêdhangan tan osik | wadya kajinêman | anasog sangking wuntat | gumropyak kêng watang pipit | Radyan Sêsôngka | sariranya tan titis ||

7. Sêbdapalon Ginggongnaya ginêbugan | pinoporan ing bêdhil | kinêpruk ing lungka | bata myang sela-sela | anjungkêl kuwalik-walik | rêbah sêksana | anulya dèn talèni ||

8. linêlarak apan sarwi ginêbugan | jinêjêg-jêjêg jêlih | jêlih jinotosan | Sêbdapalon jinambak | ingukêl-ukêlkên siti | grêro jinambak | ambêngok dèn gêbugi ||

9. Sêbdapalon sêsambat awor karuna | edan têmên wong iki | dene tan sêmanak | lir satru kabuyutan | tan olèh brêkating kaki | jamak kang lumrah | wong anyar sinung nginthil ||

10. mundur têka cêcêngêl dèn idak-idak | Nayaginggong anjêrit | pan sarwi sêsambat | Ni Blondho Kaki Kêthak | Biyang Bêkatul lan Dhidhih | tulunga mring wang | ingong dinulang siti ||

11. Radyan Damarwulan rinêmpak wong kathah | pinêdhang cinêmpuling | sinasog ing watang | tansah wayang-wayangan | sing pangrêksaning Sukmadi | sung palimarma | ing dasih kawlasasih ||

12. radyan kalih sakêlangkung dukanira | wadyanya kathah mati | runjang padha rowang | caruk wor liru lawan | sing sêsêk sara mapipit | sira rahadyan | tandya suwarèng dasih ||

13. kinèn mundur rahadyan kalih umangsah | sikêp pêdhang lan tamsir | kinubêng magalak | pêdhang sarya amilar | kadya ta prênjak tinaji | kêbat acukat | tandange radyan kalih ||

14. Dyan Sêsôngka pinêdhangan tansah indha | sarya matur ngrêpa sih | minta pangaksama | radyan kadya punapa | niyaya dasih kasyasih | yogya ngapura | ing wadya anyar prapti ||

15. sarya indha pêdhang tinangkis ing kônca | punang wastra tan titis | nadyan mrananana | pêdhang tumibèng jaja | lalu murub nora [no...]

--- 75 ---

[...ra] busik | radyan kalihnya | ing manah samya gigrig ||

16. sing wratira kinubêng ing bala tôntra | merang mêdhot ing jurit | dadya pinaliwat | mêdhang sarya amilar | Dyan Sôngka wus ngèsthi pati | tan lyan kacipta | mung Suksmana kang luwih ||

17. sagunging wong gumuruh samya agiyak | samyalok mati-mati | magudrê-gêdrêranmagudêr-gudêran. | pating blêbrê wong lumpat | tuwa anom jalu èstri | wong kêpatihan | umyung samya anangis ||

18. kyana patih kagyat miyos ing paseban | putranira sinapih | aja kaki aja | iku sadulurira | apuranên kang asisip | iku putranya | kakang Udara Patih ||

19. Layangseta Kumitir sawadyanira | mundur marêk sudarmi | Sêbdapalon lawan | Ginggongnaya luwaran | wus samya tata alinggih | rêkyana patya | ngawe ing putra kalih ||

20. sampun samya binisikan Layangseta | miwah Layangkumitir | gya mundur kalihnya | sawadyanira bubar | pra cèthi sajroning puri | samya nêningal | umyung samya anangis ||

21. sawusira bubar gya mantuk mring pura | sagunging para èstri | sosote tan pêgat | dhatêng Dyan Layangseta | miwah mring Layangkumitir | ingsun têtêdha | marang ing juwatadi ||

22. muga-muga dyan kalih ingadilana | sikara tanpa kardi | baya nêmu apa | besuk dyan karo ika | dene ta kêpati-pati | anganiaya | mring Radyan Damarsasi ||

23. ya ta malih warnanên rêkyana patya | ngandika mring dyan mantri | babo kaki aja | dadi rasaning driya | dèn gung pangaksama kaki | mring kadangira | Seta Layangkumitir ||

24. dèn narima kaki titahing juwata | pirabara ing benjing | sira manggih mulya | nanging saiki aja | grantês ing sapangrèh mami | matur Dyan Sôngka | sakarsa ngong lumiring ||

25. angandika malih sang rêkyana patya | iya ing karsa mami | jaranku sêdasa | ing mêngko gamêlana | aritna sukêt pribadi | yya kongsi kurang | padha lêmokna kaki ||

26. Radyan Damarwulan umatur sandika | kyana patih nêbda ris | kulup putraningrwang | bangêt ingsun mêminta | yya nganggo-anggo priyogi | cara satriya | iku

--- 76 ---

anyilakani ||

27. iki kampuh lurik barkutut priyoga | ginawe lunga ngarit | sêlamêt nèng marga | tan ana kara-kara | lawan iki sabuk putih | sira anggoa | prêsaja tur asukci ||

28. lawan iki kêndharat karyanên pisan | bêbênting luwih bêcik | tali mring wong tuwa | rumat sinungan karya | lawan ingsun sungi arit | timah prayoga | marang jaran kêlimas ||

29. doyan mangan ngadohakên sela karang | busanamu kêng lami | miwah dhuwungira | ingsun rumate nyawa | gampang besuk yèn wus mukti | pakewuh apa | ingsun paringkên malih ||

30. awotsêkar sandika Dyan Damarwulan | pisalin gya tinampin | namung dhuwungira | pinundhut datan suka | wus lèngsèr radyan minantri | ngrasuk busana | asor cara pêkathik ||

31. sakêlangkung rahadyan kawêlasarsa | enjing gya kesah ngarit | kranjange sadhêpa | midrê ing agêngira | sadina wangsul kaping tri | parêpatira | amikul sarya nangis ||

32. sêprandene nèng dalan atêtêmbangan | sing anon awlasasih | apan Dyan Sêsôngka | nrima titahing dewa | kinarya lakyanèng bumi | sinêdya tapa | sapangrèh dadi puji ||

33. pamujine ing Suksmana kang winênang | ulun tan nampik malih | ing sakarsa tuwan | dasih datan rumêngkang | ngong pasrah kang murbèng bumi | kang karya titah | ingkang angsung artati ||

25. Dhandhanggula

1. kawarnaa Rêtna Banowati | garwanira sang dipati Tuban | pinarak lawan putrane | Dyah Sêkati sang ayu | aprituwin kang para sêlir | ya ta Sang Banowatya | tansah angêmu luh | tan eca raosing driya | sapungkurnya kang raka umangsah jurit | tansah amêlang-mêlang ||

2. pan wus pitung dina pitung latri | wulan srêngenge rambah ping tiga | grahana lindhu sêdene | ngrêmêng akasa têdhuh | pra carintèng kilat myang thathit | siyang-siyang gumêbyar | dhandhang munya ngungkung | pêksi-pêksi mencok ing pang | samya agring sêdene kitiran sami | manggung èrêk syaranya ||

3. sêkar-sêkar tan ambabar sari | tunjung-tunjung akincup yèn enjang | pucang anguncup mayange | pêpêthètan samyalum |

--- 77 ---

èrêm-èrêm kang bun tumitis | wimbuh Sang Banowatya | supêna ing dalu | katingal sang adipatya | akêsukan lan sagung para dipati | anèng pinggir samodra ||

4. sinewagara ing para mantri | gya cêngkrama anitih panggritan | pêdhati sinang isthane | jingga agêming kampuh | saya cêlak lawan jêladri | tandya nawaknasak. manêngah | sabalakusya nung | Sang Dyah Ayu Banowatya | anututi nanging datan dèn lilani | malah ngantya dinukan ||

5. mêksa nusul nanging tan tinolih | sang dipati sawadya murcita | kèrêm ing laudlaut. sirnane | kasêlak Sang Dyah Wungu | môncadrasa waspa drês mijil | supêna winahana | ing galih mangungun | mila sênsaya sungkawa | duk sêmana ingkang putra kalih prapti | sing wona pagrogolan ||

6. sampun wikan yèn tinilap jurit | radyan kalih dènira nèng wona | wus pitung dalu lamine | tandya sowan mring ibu | praptèng ngarsa rahadyan kalih | têtanya rèhing rama | jinarwanan sampun | mring ibu Sang Banowatya | embah sarya ingarêm-arêm kang galih | dyan kalih suka myarsa ||

7. Dyan Buntaran gumya sarwi angling | sira rimas besuk nuwun apa | mring rama olèh-olèhe | Radyan Watangan matur | benjing kula anuwun wajik | pamburon kawan dasa | kang sami gêngipun | panduka nuwun punapa | ingsun yayi pan amung anuwun gundhik | putri atmaning raja ||

8. ingkang akèh lan kêng kuning-kuning | kang dêdêling dêdêg kang mêjana | lawan kang padha gandhange | kang lêncêp trajangipun | pating dlèrèng bisa mikat sih | iku rêmênaningwang | silih rok ing pupuh | anggalakakên ing mêngsah | luput ngêmoh ingsun sanggup dèn karoni | tinigan saya sura ||

9. samya mèsêm sagung para bibi | radyan dadya panglipur sungkawa | de cucut pangandikane | tur gadhangan binaut | Dyah Sêkati ngewani liring | ya ta Sang Banowatya | tan lyan kêngkah etung | namung kang aulah laga | eca lagya ngandika lan radyan kalih | kêsaru praptanira ||

10. abdi pênongsong pun Wôngsapati | mungup nèng kori lan Gathul Dêmang | radyan awas ing tingale | gya ngawe kalihipun | ingkang ibu lan para sari | kumêsar [kumê...]

--- 78 ---

[...sar] galihira | wus kanyanèng kalbu | dene pênongsong kang prapta | Sang Dyah Banowati waspanya drês mijil | datan kêna ingampah ||

11. praptanirèng ngarsa Wôngsapati | gêpah nungkêmi padaning radyan | awor karuna ature | gusti ulun atur wruh | kangjêng rama panduka gusti | kêsambut adilaga | seda ing apupuh | dening Raja Menakjingga | kuwandane rama panduka kabêsmi | pan layone dyan patya ||

12. pra dipati tumpêsan ngêmasi | sabalakusya agêgêmpuran | dene wong wetan yudane | Prabalingga gyan têmpuh | ya ta sira pun Wôngsapati | sawusnya tutug turnya | aniba gya lampus | Sang Banowati kantaka | Dyah Sêkati manjrit manggubêl kang rayi | gègèr wong jroning pura ||

13. umyang gumuruh syaraning tangis | para sêlir samya bilulungan | warna-warna sêsambate | wênèh niba tan emut | kang sawênèh angrontog wèni | wênèh amala jaja | akathah liripun | sawênèh sêsambatira | dhuh pangeran tan wêlas marang ing cèthi | ulun tinilar seda ||

14. kang satêngah sêsambating tangis | dhuh gustiku Dipati Tuban |Kurang satu suku kata: dhuh gustiku Sang Dipati Tuban. nora nyana nora dipe | kêsambut ing apupuh | nora môntra-môntra ing nguni | dene kang pangandika | tan lawas gya rawuh | sintên kang sun tênga-têngatêngga-têngga. | lawan sapa gusti kang sun kawulani | wênèh sêsambating dyah ||

15. dhuh pangeran ulun tumut lalis | datan sagêd ngabdi kakung ing lyan | antènana kawulane | sawênèh sambatipun | dhuh gustiku sang adipati | duk arsa mangkat yuda | pamriyêmbada nrus | angasih-asih kang sêbda | kawulane sinunggun ginusti-gusti | sun sêngguh tulusmana ||

16. kang satêngah sêsambating èstri | dhuh gustiku wong bagus utama | kang asih marang cèthine | bêk darma among tuwuh | kang ngecani manahing èstri | ulun datan rumôngsa | amalês sihipun | ing sapta-sapta anjalma | sun tan nyipta angabdi ing liyan gusti | sanèse sang dipatya ||

17. Dyan Watangan apêtêng kang galih | dene ibu tansah kapidhara | saya ngrês mirsa sambate | sagunging para arum | wênèh bondhèt mring radyan kalih | tanapi ingkang raka | Dyah Sêkati [Sê...]

--- 79 ---

[...kati] ngrangkul | sambatnya kawêlasarsa | Dyan Buntaran anglênggrê tan kêna angling | waspa drês tibèng jaja ||

18. sêsambate Dyah Rêtna Sêkati | katuwone rama raganingwang | kari lola satêmahe | sapa kang sun sunggun-sunggun |Lebih satu suku kata: sapa sun sunggun-sunggun. lawan sapa kang sun ladèni | rama dene atega | tilara mangingsunmaringsun. | dene ta dadi wanodya | ingsun rimas arubêt kabotan tapih | tan bisa nusul aprang ||

19. nora bisa nagih lara pati | ingsun yayi mring Si Menakjingga | dene ingsun dadi wadon | dewa banjutên ingsun | susulêna rama dipati | marang ing ariloka | nora bisa kantun | ya ta kang ari kalihnya | ing tyas gêmpung mangadêg suraning galih | myarsa sambate raka ||

20. Dêmang Gathul wus kinèn ngrumati | mring kunarpane Ki Wôngsapatya | tanapi ing sasomahe | wus sinung reyal sèwu | radyan kalih sêksana mijil | amêpak wong kanoman | wolung dasa sampun | sumêkta ajêjaranan | radyan kalih ngrasuk kêpraboning jurit | mangsah ing pêbarisan ||

21. nandrê nongklang ing samargi-margi | ya ta sampun lêpas lampahira | gêntya ingkang winiraos | praptane Sêpêtmadu | nagri Tuban ambêkta joli | tandhu lawan jêmpana | ing pura tumanduk | nimbali Sang Banowatya | saputranya samaru lan para sêlir | nanging radyan wus mangkat ||

22. Sêpêtmadu asipêng salatri | anèng Tuban kawarnaa enjang | Banowati saputrane | lawan kang para arum | tandya mangkat wahana joli | tandhu-tandhu jêmpana | samarga asêlur | dhinèrèk wong Majalêngka | mêne gênti warnanên sang prabu dewi | lagya miyos sineba ||

23. mêgêp ing witana di rukmi |Kurang satu suku kata: mêgêp ing witana adi rukmi. Rarasati lan rêkyana patya | sumiwèng ngarsa sang sinom | ing paglaran supênuh | pra nararya para dipati | maha sang prabu rara | dhawahkên sêdarum | anjênêngkên para menak | ingkang karèh ing Daha para dipati | linumrahkên ing bala ||

24. putranira ginantyakkên sami | kang tan darbe putra kadang wôngsa | nunggak sêmi saknamane | myang pra menak tumênggung | kang karèh mring rêkyana patih | wus samya ginantyanan | putra kadangipun | kang balela pêjah ing prang |

--- 80 ---

ing Madiun abdi sanès kang gumanti | nanging ran têtêp lama ||

25. wus linumrahkên wadya kang nangkil | Pranaraga Côndrakètu lawan | Indrajaya lan malihe | ing Wajak Angun-angun | Ngrawa Menak Surônggapati | Kalangbrèt Nilasraya | Trêsona Kêlungkung | ing Sarêngat Bagaspatra | Giwangkara ing Mambêng Madiun kalih | lan Gajah Têpèngsara ||

26. sisih lawan Menak Balaruci | Brajamusthi nagri Jagaraga | Daha myang Surabayane | ngabèinya wêwalu | karèh dhatêng Dyah Rarasati | umung para pandhita | ajar myang manguyu | wêwasi guntung jêjanggan | Êmpu Buyut Mêlandang samya ngèstrèni | mèstuti puja môntra ||

27. gya kêsaru Sêpêtmadu prapti | ngirit garwanya dipati Tuban | lan putranira sang sinom | Sêkati lan pra arum | wus ngandikan minggah sitinggil | sang nata miyak gubah | manglela kadulu | kang bibi lan Dyah Sêkatya | gêpah samya lumajêng atawan tangis | lir rukma tibèng toya ||

26. Maskumambang

1. anungkêmi mring padanya prabu dèwi | ngungsêp-ungsêp tansah | sêsambatira kasyasih | kang bibi lan Dyah Sêkatya ||

2. prabu rara sêklangkung angrês ing galih | ketang trêsnanira | gya tumrun sing dhampar rukmi | tansah kumêmbêng kang waspa ||

3. sêbdanyarum yayi Sêkati yya nangis | paman adipatya | olèh sihing Sukmanadi | amanggih syargadi mulya ||

4. rèhning paman seda nèng têngahing jurit | amapak wong arda | kang sinatru ing dewadi | paman nglabuhi utama ||

5. pira-pira yayi paman adipati | dènnya olah praja | sarta kang puja sêmèdi | pangguh panggah ing ubaya ||

6. tur sêmbada bêktining Yyang Sukmanadi | andina datansah | ing kasukcèn suseladi | mrih adining ariloka ||

7. wimbuh praptèng ajal madyaning ajurit | yayi pira-pira | kamulyane kang pinanggih | marma yayimyayi. dèn narima ||

8. lamun sira sak maring juwatadi |Kurang satu suku kata: lamun sira sak maring juwata adi. banjaraneganjarane. paman | sinuduk ing dewa luwih | tur sira kurang utama ||

9. marêming tyasira Sang Dèwi Sêkati | malih angandika | sang prabu rara mring bibi | bibi pundi putra dika ||

10. Ki Buntaran Watangan datan kaèksi | matur Banowatya | gusti wus nusul ngajurit | sêdya [sê...]

--- 81 ---

[...dya] nglabuhi pun paman ||

11. bela pêjah suka lêbura ing jurit | pun paman wus seda | ing mangke arinta kalih | sumêdya alabuh pêjah ||

12. yèn ngantosa gusti kêlampahan lalis | paran polahingwang | sintên kang kula gendholi | lan sintên kang ngayumana ||

13. kadang warga sêntona wadya ing Tubin | lan dene yèn wusa | diwasa tega pun bibi | de mêksih jaka taruna ||

14. angandika maha sang narendra putri | bibi bênrê dika | sun kone nusul si yayi | yya nganti kêparèng tiwas ||

15. prabu rara wus pinrak ing dhampar malih | ngandika mring patya | sapa bapa kang prayogi | sun utus nusul yayi mas ||

16. Kyana Patih Lugêndèr matur wotsari | gusti yèn sêmbada | lan karsa panduka aji | yogi Rôngga Minangsraya ||

17. lan pun yayi Menak Giyanti prayogi | sarta ambêktaa | sakancanira wong jawi | prabu rara angandika ||

18. iya bapa apan ingsun wis marêngi | nanging umangkata | iya ing sadina iki | ya ta sawusnya ngandika ||

19. prabu rara gya bubar gènnya tinangkil | kondur angadhatyan | ginarêbêg ing pra sari | manggung tanapi bêdhaya ||

20. sarta nganti mring anrintaarinta. Dyah Sêkati | warnanên kya patya | Lugêndèr maglaran pan wis | minta kang badhe lumampah ||

21. adipati kêkalih Menak Giyanti | Rôngga Minangsraya | wus mangkat sing pôncaniti | kapungkur ing Majalêngka ||

27. Pangkur

1. sinrod lampahirèng marga | Rôngga Minangsraya Menak Giyanti | gêgancangan lampahipun | sumêkta ing ayuda | dan warnanên Urubêsma sang aprabu | miyos anèng sokasana | supênuh wadya gêng nangkil ||

2. amacak kawula bala | sêsulihe pra menak pra dipati | kang samya tiwas ing pupuh | sampun sami kagêntyan | pêpilihan êndi wadya kang dibyanung | kang têguh timbuling braja | samya ingangkat bupati ||

3. malah ta kurang nêgara | mila ngantya pinaro pinara tri | nêgara satunggilipun | malah pinra sêkawan | ingkang agêng nêgara pinara wolu | nanging para raja sabrang | kang samya tiwas ing jurit ||

--- 82 ---

4. tan ana ingkang gumantya | pan ing mangke Sang Prabu Urubêsmi | wus minta ing para ratu | miwah para bupatya | kinèn samya mangropakmangrupak. jajahanipun | nêgari ing Majalêngka | dene Risang Urubêsmi ||

5. eca anèng Prabalingga | akasukan nayub rahina wêngi | mêngkana panyiptanipun | maha sang prabu rara | dimèn miris nungkula sangkaning alus | mila kinèn ambêbahak | kiwala kang têpis wiring ||

6. warnanên Radyan Buntaran | Dyan Watangan kang arsa labuh pati | prajuritnya wolung puluh | ingaran wong kanoman | tur ta sami tindak sêntana sêdarum | sêpalih asikêp tigar | kang sêpalih sikêp biring ||

7. sêmarga-marga karuna | kang prajurit sumêdya labuh pati | ya ta sira Dêmang Gathul | pamomongnya rahadyan | jalma sêpuh binandrêng ing lampahipun | gigitane sampun têlas | angmngomplèhangomplèh. samargi-margi ||

8. mrêbês mili wêlangoban | ting darêjêt bêbalung lir kinêrik | udane jojog angunthul | ngantuk arêregotan | mêlèk-mêlèk yèn kudanira kêsandhung | jênggirat aguragapan | sawusnya gya ngantuk malih ||

9. trakadhang kudanya nasak | Dêmang Gathul kagyat kêcanthèl ing ri | riyak umbêl dadi mungsuh | watuk kasêlak-sêlak | sêprandene nora suda ungasipun | bote wong duwe momongan | lan bote wong ora gigit ||

10. lèknya binênjèng kewala | nanging mêksa sumurup punang manik | sêmana radyan wus rawuh | nêgari Pasêdhahan | pan sênsaya binandrêng ing lampahipun | ucapên kalih dipatya | sira Ki Menak Giyanti ||

11. lawan Rôngga Minangsraya | wus nututi dhatêng rahadyan kalih | linancangan lampahipun | radyan gya ingadhangan | Rôngga Minangsraya Menak Gyanti lon muwus |Lebih satu suku kata: Rôngga Minangsraya Menak Gyanti muwus. dyan kalih tampi timbalan | kêng pangèstu prabu dèwi ||

12. Radyan Buntaran Watangan | matur nuwun bukuh anèng turanggi | Sraya Giyanti lon muwus | jêngandika ngandikan | radyan kalih dhumatêng ing Majalangu | kanggêg Buntaran Watangan | tan mawi mangsuli ing ling ||

13. Giyanti lan Minangsraya | malih ngucap suwawi radyan kalih | sarênga salampah ulun | sangêt timbalanira | prabu

--- 83 ---

rara tuwan tan kalilan magut | rêbut rok lan Menakjingga | dene ta rahadyan kalih ||

14. dèrèng mêmpêng kang diwasa | ina nistha lamun tiwas ngajurit | bangkata rama pukulun | aprang lan Menakjingga | mila radyan ngandika mring Majalangu | kaping kalihnya sang nata | sangêt kasêngkêlan galih ||

15. sedane rama panduka | mangke wêwah radyan umangsah jurit | yèn ta tiwasa pukulun | kasambut ing ngalaga | kados pundi maha sang kumaraningrum | sungkawa atêmah kadya | suduk gunting tatu kalih ||

16. rahadyan mangsuli sêbda | wus jamake atma lanang nglabuhi | silih rok madyaning pupuh | yèn datan kêlampahan | ulun merang marang samining tumuwuh | satriya ajrih ing pêjah | kaya dudu trah prajurit ||

17. punapa pamalêsingwang | mring jêng rama inganakkên nèng bumi | lamun ajriha ing lampus | ngurmati ya duk jabang | sira Menak Giyanti juwêt kang wuwus | sênadyan anggèr apranga | yèn wus pilênggah ing Tubin ||

18. sêmbada ing adilaga | sugih bala ngrèhkên para dipati | pra menak para tumênggung | sumbaga jayèngrana | lamun tiwas tan sinurak ing dewagung | labête nglabuhi wawrat | sêmbada ingran prajurit ||

19. yèn panduka paripêksa | dadya ngamuk punggung kirang linuwih | sintên kang lêmbanèng pupuh | rèh mêdal sangking wawrat | barang karya tan tinilar sing wratipun | dyan kalih wuwuse sugal | pasrahna ing juwatadi ||

20. yèn rinusak ing Suksmana | sintên wignya mangrêksa ing tyas yutiyukti (dan di tempat lain). | yèn rinisak ing dewagung | sintên ingkang angrusak | pati urip myang dawa cêndhaking umur | wus pinêsthi ing Sukmana | titahe darma nglakoni ||

21. solah bawaning manungsa | atasing Yyang Sukmana kang kinardi | Rôngga Minangsraya muwus | dadyanadyan. karsaning dewa | wênang nampik milih arjanya linuruh | tan marentahakên salah | tan lyan mupangat kang pinrih ||

22. sumambung Radyan Watangan | nadyan sêdya amrih mulyaning bumi | yèn ginggang ing tekadipun | nora nglabuhi basa | nadyan mulya-mulya sapa ingkang angsung | tur môngsa linanggêngêna | yèn tan kukuh ing pamuji ||

23. ing mangke puji manira | pêjah sokur urip lakulangkung. priyogi | nanging [na...]

--- 84 ---

[...nging] wus sun sêdya pupuh | paran ngunduri sêdya | trus sumendhe mring juwata ingkang agung | tur puniku kêng utama | lêlabuhan wong nèng bumi ||

24. Menak Giyanti angucap | datan kingrangkirang. dyan wong anèng bumi |Kurang satu suku kata: datan kirang nadyan wong anèng bumi. sumendhe karsèng dewagung | dewa tan darbe karsa | luwih-luwih karsane kang darbe kayun | angên-angên kang sêmbada | samurwat lan kêng pinuji ||

25. Radyan Buntaran bramantya | nabêt kuda nandrê sabala aglis | praptèng bêngawan manggêbyur | nglangi kang ponang kuda | wadya wolung dasa tan ana kang wiguh | katisên Ki Gathul Dêmang | nanging tan pisah lan gusti ||

26. sêmana radyan wus prapta | awu tilas pambêsmining sudarmi | dyan mudhun sabalanipun | ngruruh tulanging rama | tan kêpanggih tandyana syara manguwuh | babo radèn ramanira | wus minggah ing syargadi ||Kurang satu suku kata: wus minggah maring syargadi.

27. salayone pan binêkta | atênapi pra menak pra dipati | prajurit kang wanèng lampus | kang awas ing budyarja | nyawanira wus minggah syarga sêdarum | sakèndêle punang syara | radyan gya anitih wajik ||

28. anandrê sawadyanira | adipati Majalêngka tut wuri | sangking katêbihan samun | mêne gênti kocapa | wong bang wetan kang ingkut mring Majalangu | Sri Mêkasan Basutôntra | Dewa Prêlagi ing Kêling ||

29. lawan Buta Angkatbuta | myang pra menak anyar ingkang antuk sih | andêl totos tau jitus | tate tinatah mêndat | lalab biring krêramaskêramas (dan di tempat lain). obat myang busur | manaut lamêng kulewang | galak para cêkak budi ||

30. pun Wrupêksa Wirubajra | Bajrapati lan Menak Gajah Srênggi | Trajudhêndha Dhêndhakètu | lan Menak Bimakendra | Bayukendra Bayugora Grêdabayu | Mamangdraya Drayuwila | Wirudhêstha Dhêsthapati ||

31. Macanlaut Singadara | Antulaut Wedangsêgara tuwin | Lindhuparang Lindhuwulung | lan Menak Gala-gala | Kêndhangantru lan Menak Kêndhang Gumulung | lawan Menak Pakuwaja | lawan Menak Selabêsmi ||

32. lawan pun Rôngga Manila | Rôngga Bahya lan Rôngga Suraniti | lawan Dêmang Randhukapuk | lan Dêmang Jaga-jaga | Dêmang Saragêndhi Antu-antulaud | sumêkta sikêping yuda | lir sêgara tanpa têpi ||

33. ingkang sinêdya ing lampah | môncanagri kidul kang dèrèng balik |

--- 85 ---

pan arsa ingawut-awut | sêmana lampahira | gya kapêthuk atmajèng Tuban mangamuk | Radyan Buntaran Watangan | wolung dasa kang prajurit ||

34. dyan kalih sarêng mangrêmpak | sikêp watang singa sinêrang mati | wong wolung puluh mangamuk | pirang-pirang wong wetan | samya lampus bêbangke sungsun matimbun | mawur bubrah mawurahan | pating galongsor wong kanin ||

35. wong Tuban saprêti setan | pangamuknya mamrêm sarya anangis | sêsambat mring gustènipun | risang Dipati Tuban | para rôngga pra menak para tumênggung | angawaki mangsah dharat | tan ana sêdya gumingsir ||

28. Durma

1. sawadyanya angêpung barêng umangsah | bêndhe bèri tinitir | suraknya gumrêrah | têtêg ambal-ambalan | kadya alun nêmpuh wukir | gumrah gumêntar | gêbyug sagunging dasih ||

2. maju rampak akubêng atêmu gêlang | sarya mangrutug bêdhil | anowok anumbak | nyuligi masrê nyrampang | mangganthol grènèng nyêmpuling | wadya ing Tuban | kathah longe kang mati ||

3. kukus pêtêng mimisira kadya kilat | gêbyaring sara kadi | kalamrêcukalamêrcu. lumrang | magêdrêmagêdêr (dan di tempat lain). maputrêran | wong Tuban magalong pipis | alêlumbungan | kinarya lesan mimis ||

4. sêprandene tan ana mundur sajangkah | gya mangrok gênti krêris | atumbak-tinumbak | mangglut pêdhang-pinêdhang | kèkèt manggarot mangungkih | kuntus kinentas | tan ana ngetang pati ||

5. marukêt wor caruk agagap-gagapan | mungsuh rowang wus sami | bingung kang ayuda | singa ingkang kêcandhak | goco-ginoco wor mati | sosrah gêlasah | kadya babadan pacing ||

6. radyan kalih kudanya wus sami pêjah | anggagap karo krêris | sênsaya sudira | lir banthèng tawan brana | mangamuk mangowak-awik | timbuling braja | sarira nora busik ||

7. para menak tumênggung rôngga kèh pêjah | ginagap karo krêris | Wirubajra pêjah | pun Bajrapati lawan | Basukendra angêmasi | pun Lindhuparang | Lindhuwulung ngêmasi ||

8. Bayugora Grêdabayu sampun pjah |Kurang satu suku kata: Bayugora Grêdabayu sampun pêjah. pun Bimakindra lalis | Bayukendra pêjah | Dhêsthapati Wrudhêstha | apan [apa...]

--- 86 ---

[...n] sampun angêmasi | pun Mamangdraya | pun Drayuwila mati ||

9. Angkatbuta Kotbuta rajèng Mêkasan | Sri Basutôntra aji | rajèng Kêling Dewa | Prêlagi bêk sarosa | mangônta mapiling gadhing | nglamêng amêdhang | gada bindi mawanti ||

10. datan osik radyan kalih kinêmbulan | prêcayèng Yyang Sukmadi | anglandhung ing dewa | singa ginagap pêjah | Radyan Buntan caruk kris |Kurang satu suku kata: Radyan Buntaran caruk kris. lan Basutôntra | Watangan lan Prêlagi ||

11. rok makuwêl Sri Basutôntra wus pêjah | Dewa Prêlagi lalis | Radyan Angliryêksa | mamuk mamunah jalma | Buta Katbuta mangungkih | makendra mangkyat | cangklèt pêdhang mawal kris ||

12. samya têguh kongkih-kinongkih magalak | radyan wus wuru gêtih | Kotbuta lumumpat | pun Angkatbuta milar | kalih samya angunduri | bala mangrêmpak | dyan kalih dèn popori ||

13. ing sênjata saya dangu saya sayah | gumêtrê radyan kalih | astanya ngêmu rah | kêng Wukiran wus pêcah | ingkang mupumupuh. tan dèn gopi | sêksana rêbah | Radyan Watangan aglis ||

14. tinubruk mring Angkatbuta wus kêbônda | Radyan Buntaran ngungkih | ngamuk karo tangan | tinubruk ing akathah | Kotbuta ingkang nalèni | wadya kanoman | siji tan ana urip ||

15. namung Dêmang Gathul ingkang maksih gêsang | gulung awor lan mayit | syata sarêng mulat | radyan kalih kêcandhak | Ki Dêmang Gathul anjêlih | mrêpêki radyan | sarya ambuwang krêris ||

16. buwang kampuh wêwuda mung kari clana | sigra dipun popori | ing sênjata Dêmang | Gathul sampun binêsta | katur mring Katbuta Patih | bêstan têtiga | jinajar ngarsa sami ||

17. Dyan Buntaran Watangan asru ngandika | Buta Katbuta Patih | ingsun patènana | belakna kangjêng rama | ingsun aja dèn uripi | lah age mara | patènana tumuli ||

18. yèn wus mati mêstakaningsun saosna | marang Si Menakanjing | rêrêgêding jagat | dhapure lir wrangutan | sêmbada raimu kalih | kaya wrêraha | payo tigasên mami ||

19. èsmu isin kyana patih asru nêntak | aja bribini kuping | dene wus binônda | têka kagila-gila | besuk nèng ngarsaning gusti | tan wurung sira | amêsthi sun patèni ||

--- 87 ---

20. Dyan Watangan angucap saiki mara | patènana dèn aglis | Angkatbuta nêntak | aja cariwis sira | aja akon amatèni | tan wurung sira | ing mêngko sun patèni ||

21. Dyan Buntaran abudi sigra anjêjêg | jajanira kya patih | Katbuta anjola | ampêg tan bisa ngucap | ya kinèn mundurkên aglis | mring Prabalingga | bêbêstan tiga sami ||

22. kang ingutus kajinêman kawan dasa | lêlurahira kalih | ran Udan Prahara | lan pun Barat Katiga | radyan lumêpas wus kering | sira Katbuta | Kotbuta nglarug jurit ||

23. saha bala sakusyala tandya budhal | menak rôngga ngabèi | warnanên Ki Rôngga | Minangsraya lan Menak | Giyanti kang sêdhêng baris | mêpêti marga | tandya rok silih ungkih ||

24. suraknya wor têngara munya sauran | kadya ngrubuhna langit | gong maguru gôngsa | têtêk kaya butula | krêk binrêk ungkih-ingungkih | petar gumêntar | caruk biring-biniring ||

25. kathah pêjah wong kulon lawan wong wetan | saya binrêk kang jurit | makuwêl gagapan | wong Majalêngka bubar | mantri jaba kathah lalis | Kidang Gayoran | kêlawan Kidang Gathik ||

26. Menakunjung Menaksondong Talimimang | nênggih ingkang ngêmasi | wus bubar sumêbar | lumayu asasaran | wong wetan manglud mangungkih | gênti kawarna | Sang Prabu Urubêsmi ||

27. eca lagya siniwa nèng sokasana | pêpak kang tôndha mantri | dhaèng para lurah | lir samodra bêlabar | kang anèng ngarsa nrêpati | sri baudhêndha | risang Madura Aji ||

28. lan Sri Bali Bêtharagung Walikrama | kêsaru buta prapti | pun Udan Prahara | lan pun Barat Katiga | tinimbalan praptèng ngarsi | sarta ambêkta | bêstan satriya kalih ||

29. lawan êmbanira satunggil binêkta | sumaos nèng ngarsaji | Buntaran Watangan | anjêjrê tan purun lênggah |Lebih satu suku kata: njêjêr tan purun lênggah. ebat sagunging ningali | bagus sêmbada | ladak tan ajrih pati ||

30. Sang Sri Bêsma suka gumujêng alatah | nimbali radyan kalih | iki kadangira | ratu mas Majalêngka | aladak tan gêlêm linggih | mendah ta ingkang | duwe sêntona wêsthi ||

31. patang mono wong ayu ingkang wibawa | tur gungan marang mami |

--- 88 ---

yèn kalane mothah | anginjak-injak pangkyan | pantês ngidoni rêrai | sapa wrêruhawêruha (dan di tempat lain). | rasane ati mami ||

32. Sang Sri Bêsma tanya mring Udan Prahara | radyan gènira jurit | ing saniskaranya | ingaturkên sêdaya | alatah Sang Urubêsmi | Radyan Buntaran | Watangan asru angling ||

33. Menakjingga raimu kaya wrangutan | lah patènana mami | belakna jêng rama | mara-mara untapna | ingsun nora bisa kari | aja klayatan | tigasên murda mami ||

34. latah-latah sarya ngling Sri Urubêsma | pagene dèn patèni | mendah dukanira | ratu sêsotyaning rat | pantês tan carêm tumuli | kêlawan ingwang | yèn ta sira ngêmasi ||

35. radyan kalih wali-wali dènnya nêbda | lah mara Menakanjing | patènana ingwang | sêdene pra punggawa | matane pating pandêlik | tan wani nrajang | payo cacakên mami ||

36. singa mulat pan sami jomblong sêdaya | ebat mring radyan kalih | Sri Bêsma ngandika | hèh bocah kajinêman | bocah roro iku aglis | aturna sang Yyang | Pamênggrê Maha Yêkti ||

37. rinêksaa ing sêsandhang panganira | nanging dèn ngati-ati | ayya kongsi gagal | sarta ya kongsi pêjah | sêdene sira nèng margi | dipun prayitna | aja kongsi niwasi ||

38. duta mêsat datan kawarna ing marga | ngardi Sêmèru prapti | pratapannya sang Yyang | Pamênggrê duta nêmbah | angaturakên dyan kalih | ngungun sang tapa | mênggah dadosing jurit ||

39. boting trêsna ayêyoga sang pandhita | radyan kinujrakinunjra. aglis | kang kunjara waja | ing jawi tinuguran | pat puluh samya miranti | wong kajinêman | Dêmang Gathul nèng jawi ||

40. tan tinaha dene ta jalma wus tuwa | ya ta wus kalih latri | Dêmang Gathul minggadminggat (dan di tempat lain). | ngupaya sraya ingkang | sujalma guna sinêkti | ingkang supaya | wignya ngrêbat dyan kalih ||

41. siyang dalu Ki Dêmang Gathul lêlampah | datan anyipta urip | anasak ing wana | ajrih mêdal marga |Kurang satu suku kata: ajrih mêdal ing marga. lamun kadêngan dening |Kurang satu suku kata: lamun kadênangan dening. wong Bêlambangan | mila nasak wanadri ||

42. duk sêmonasêmana. Ki Dêmang Gathul umiyat | babadan anyar kdadidadi. | gya laju lumampah | tandya ningali sêndhang | ki dêmang lêga ing ati | sampun rumôngsa | badhe mangan rijêki ||

43. pirabara

--- 89 ---

ana jalma wade apyan | wruh rasaning panggigit | tandya wontên tiyang | èstri ngangsungngangsu. mring sêndhang | Ki Gathul atakèn ririh | sintên kang gadhah | babadan anyar èksi ||

44. kang tinakon sumaur puniki radyan | karya ingkang darbèni | Dipati Lumajang | têtlukatêtruka (dan di tempat lain). anèng wana | duk binêdhah Urubêsmi | kasoraning prang | sang anom nèng wanadri ||

29. Sinom

1. warnanên Dyan Menak Koncar | kang têtluka nèng wanadri | pan sampun angsal sacôndra | tansah anggêgabah dasih | prandene nora lali | akêsukan ngabên sawung | miwah ngabên dherekan | sinêlanan ngabên pêksi | lamun dalu tan pêgat dènnya bêbêksan ||

2. tamèng jêbêng miwah panah | gambuh tanapi sarimpi | pêdhayanbêdhayan. atêtandhakan | siyang dalu dhahar larih | kêlawan ingkang abdi | wong trunalanang sêdarum | pinuja kêsuranya | kang ngladosi para sêlir | kawan dasa samya ayu warnanira ||

3. pan garwanira sêkawan | ingèbèr tan nganggo wadi | sêmbada ing warnanira | sêmune dèn iming-iming | mring sagung kang ningali | akarya brôngta wulangun | kayungyun sing amulat | garwa sêkawan sinandhing | ayu-ayu nêdhêng nome cumnêng krama ||

4. kang sêpuh putri Mêkasan | aran Dèwi Angronsari | sing Acih ingkang panênggak | ingran Sumarsanawati | panêngahira sangking | Siyak ingran Mayangsantun | pamêkas sing Mrêtisa | ingran nyonya Mayangsari | ngracak kabèh garwa sêlir kagok nyunyah ||

5. pênganggone kagok nyunyah | bedane lan sabrang yêkti | amung waja lawan sinjang | sêngkangira cara Jawi | angrêracak anggrê èstri |Lebih satu suku kata: angracak anggrê èstri. basane cara Lumayu | satêngah basa Mandar | dyan arya tuhu ambênthing | bocah bancèr sugih bojo kuwarisan ||

6. pan wus panggêsanganira | dènnya kulita ing èstri | abancar para ancikan | tan kêna towong sêlatri | anggrêre kang sarêsmi | sadina ambal ping pitu | sêdalu kaping sanga | yèn kirang angolang-aling | angur wuwuh êndême nora krêrasa ||kêrasa (dan di tempat lain).

7. yèn êsês pacitanira |

--- 90 ---

kêstul sarya dèn mimisi | sinungsun jêthoting jlagra | mimis riniyakkên mijil | tibèng sêsaka titis | anratas mring gêbyog butul | anulya inginuman | brêndhuwin lawan sêpait | gêlasira sajênthik isi satêngah ||

8. tinutuh hèr tih panas |Kurang satu suku kata: tinutuh ing hèr tih panas. tèhira êtèh siyongki | cangkire sanyamplung wantah | tinutuh angaras rabi | nanging mangke dyan mantri | wus pinêdhot ing sêsipun | kantun nguntal kewala | sabên esuk rolas ranti | pêndhak sore lawan esuk nora beda ||

9. kêjawi yèn manggih karya | amêsthi dipun wêwahi | saêjam nguntal sapisan | binobot lan wrating kardi | puniku tur jêjampi | anggi-anggi kang binubuk | kinarya saprapatan | kang saduman anggi-anggi | jinantonan candu ingkang têlung duman ||

10. salamènira dyan arya | duk kasupit nyidrèng pati | punika lajêng sêngara | tinobatakên madati | winawratan prayogi | nyuda kaprawiranipun | lêsu tur napas cêkak | bêncirih ingkang sêsakit | ewuh aya arubêt yèn ana karya ||

11. mila ngantya sapunika | mantun êsês wong andhandhing | kêjawi nuju tamuan | tuwin animbali dasih | ngambêti nanging kêdhik | ngecani sarating patut | tênapi yèn sêsanjan | satriya agadhah kardi | pêngangguran kewala ngecani manah ||

12. amrih rahabing pangucap | kinarya angudi pikir | têpung bêcik padha sanak | punika êsês dyan mantri | lumayan wong madati | bisa ngamongngomong. tanpa nganggur | cacade mung satunggal | raga rusak tur bêncirih | yèn kêtlangso lali sanak bapa biyang ||

13. ya ta mangke kawarnaa | radyan lagya ngabên pêksi | lan wadyane trunalanang | tohira gêgocon krêris | ananging tarub jawi | ingiring gundhiknya waluwolu. | angampil gônda-wida | pawuan miwah sêsumping | lawan nôngga brandhuwin lan pamojokan ||

14. tanapi kang talam gêlas | kang juru cium anggilir | kang gêndhing munya mangraras | clêmpung rêbab lawan suling | calapita myang buni | kêtipung pukur dinumuk | patut padha krêrasa | tandhake anyênyindhèni |

--- 91 ---

wadyanira ing manah samya gambira ||

15. ya ta kêsaru kang prapta | Dêmang Gathul tawan tangis | nungkêmi padaning radyan | sêsambatira mlasasih | kagyat rahadyan mantri | bapa apa karanipun | sira prapta ing wona | nungkêmi ing pada mami | wis linggiha bapa matura maring wang ||

16. Ki Dêmang Gathul wotsêkar | gusti kawula atur wrin | rama panduka ing Tuban | ing mangke kapupu jurit | lan Menakjingga Aji | saha bala tôntra gêmpur | pra menak têtumpêsan | satunggil tan wontên kari | kuwandane rama panduka ingobar ||

17. wontên madyaning paprangan | arinta radyan kêkalih | Buntaran lawan Watangan | sumêdya alabuh jurit | akathah kang pêpati | pra raja menak tumênggung | wusana rayi tuwan | kacêpêng madyaning jurit | pan ing mangke rinta kinunjara waja ||

18. anèng Sêmèru pratapan- | nira Sang Pamênggrê rêsi | sakêlangkung kawlasarsa | ing mangke sumangga gusti | luware rinta kalih | môngsaboronga pukulun | anjêngrêanjêngêr (dan di tempat lain). Menak Koncar | sapandurat tan kêna ngling | awusana dyan arya mijil kang waspa ||

19. Dêmang Gathul malih turnya | pukulun kadosa pundi | ing mangke karsa panduka | luware arinta kalih | tan lyan panduka ugi | kang wlas ing rayi pukulun | Menak Koncar ngandika | witning bapa ingsun iki | luwih trêsna mring paman lan arèningwang ||

20. nanging ingsun nora pasah | bapa mring Si Menakanjing | môngka wus tita antara | bola-bali sun ayoni | Si Menakjingga sêkti | guna srêranasêrana (dan di tempat lain). pinunjul | bisa angadu bala | sêdene mangsah pribadi | bapa kaya ingsun tobat-tabatêna ||tobat-tobatêna.

21. amungsuh Si Menakjingga | ingsun iki wis angucir | sajroning pangimpèn kalah | ingsun asring kagum bêngi | katon dèn incih-incih | dibêburu Menakasu | pan wawdi-wadiwadi-wadi. apa | ingsun nora akêkêlit | sun tan wani bapa mring si asuajak ||

22. yèn ta liya Menakjingga | nuntên karo sapa mami | sapa-sapa mungsuhêna | sayêkti ingsun tan wêdi | dhasar têguh sayêkti | ingsun digdaya pinunjul | jaba kinêdhèp ilang | iku bapa ingsun wêdi | sok si aja mungsuha [mungsuh...]

--- 92 ---

[...a] Si Menakjingga ||

23. malih umatur Ki Dêmang | panggenane rinta kalih | atêbih lan Menakjingga | nèng ardi Sêmèru gusti | dyan arya nglingnya ris |Kurang satu suku kata: dyan arya nglingnya aris. bapa ingsun nora sanggup | satanah sabuminya | sabalane Menakanjing | ingsun wêdi abangêt kawusmanira ||

24. Ki Dêmang Gathul karuna | gustine sinambat tangis | dyan arya mijil kang waspa | saklangkung putêk ing galih | ketang trêsnaning ari | mring Menakjingga sru takut | Dêmang Gathul wotsêkar | wuwuse awor lan tangis | sun kauli gusti yèn anyaguhana ||

25. angrêbat rayi panduka | yèn sampun kêlakon ugi | luwar sangking jro kunjara | arinta Rêtna Sêkati | sampun lyan kêng ramani | gusti pan amung pukulun | benjing kawula ingkang | matur dhatêng radyan kalih | sarta purun ngong kandhas sing prabu rara ||

26. sok si dhasar klampahana | luware arinta kalih | sumêdhot Dyan Menak Koncar | mangangên-angên ing galih | nguni dhasar tau wrin | Dyah Sêkati sang lir santun | liya sing prabu rara | wanodya sanungsa Jawi | nora nana kang kaya Sang Dyah Sêkatya ||

27. kuning-kuninging sarira | lan mêmak-mêmaking wèni | lan jaid-jaiding tingal | lan manis-manising lathi | pacaknya anjukining | gumrining sasolahnyalus | syaranyarum lir kilang | cumêngkling pamêdharing ling | mendah baya ing mêngko wimbuh diwasa ||

28. nadyan onoa kang memba | gandêse pan nora olih | oliha ing gandêsira | sêmune nora nimbangi | timbanga pasmon mirib | ing manah nora panuju | liyane Dyah Sêkatya | putrane sang adipati | pinetanga pêsatohane utama ||

29. drêman putra sugih donya | tur tutut ingkang rijêki | dhasar tiba naking sanak | cacade krêrêpkêrêp. rêbut ngling | nanging papuwungkapuwung. ugi | wong ayu asugih maru | wibawa drêman putra | aninong aningan kuning | radyan arya ing galih lir gula drawa ||

30. Dhandhanggula

1. paman dêmang ing mêngko sang dèwi | apa maksih ana nagri Tuban | apa wus malbèng kêdhaton | matur Ki Dêmang Gathul | sampun wontên sajroning puri | dyan arya mèsêm nêbda | bapa janji mau | sok aja oncat kewala | sun labuhi yayi

--- 93 ---

mas ingkang sinigit | kadange wong Lumajang ||

2. ri mas nora darbe tingal kalih | raka dika wong ladak sêmbadi |Guru lagu seharusnya : 10a, raka dika wong ladak sêmbada. ambancèr sandhang lancure | dhasar wong tau jitus | sampun susah abdika yayi | pun kakang nuntên prapta | ngrêbat sang binagus | onêng brôngta dirèng pulas | sing wêdana sun lêlipur-lipur yayi | mêksa kangên mring dika ||

3. Manikarja wigêna nawangsih | dipun lona paman dêmang sira | aja cidra ngubayane | dados gularèningsunlalarèningsun. | wisa gung munggèng jêladri |Kurang satu suku kata: wisa agung munggèng jêladri. nadyan lali kang warna | tênaga tan pandung | kang sela panglawêt gônda | padha pisan palwa kandhêg ing jaladri | sun labuhi yayi mas ||

4. Dêmang Gathul sampun pinisalin | kuluk kampuh sabuk lawan clana | sumêkta ing sadhuwunge | mentar nulya rinasuk | sawusira ngandika malih | dyan arya klangkung rêna | dhatêng Dêmang Gathul | wus wantune radyan arya | lamun ana sêbarang kang dados galih | pradhah padha sêkala ||

5. gya parentah dyan arya mring dasih | wadya trunalanang kawan dasa | ing enjing mangkat jurite | ya ta radyan wus kondur | Dêmang Gathul tansah kinanthi | prapta ing pêlataran | radyan cêluk-cêluk | mring garwanira sêkawan | Canthur Dungik Kêmprèng Dowèh datan mijil | mirah mring êndi sira ||

6. wong adhenok mirah wong akuning | wong asèdhêt ana ngêndi baya | wong gandhang dene tan miyos | ya ta pra garwa catur | samya mêthuk lan para sêlir | andèr ing pêlataran | dyan arya agupuh | garwa kang sêpuh ingaras | Angronsari tandya Sumarsanawati | ingaras gantya-gantya ||

7. Mayangsari wus ingaras sarwi | prêmbayunira ingêmak-êmak | garwa mrêtisa kalungsèn | pradong-pradong gya wangsul | radyan arya gêpah mlajêngi | pinondhong Mantarsêkar | ingras kang prêmbayun | jangan gusar katinggalan | bini mudha trak sama sabêntar kali | prêcium sama nyunyah ||

8. sunggu-sunggu trak salain-lain | bini ampat sama kita orang | kasih ampun nyonyah radèn | tandya binêkta wangsul | gya ngudhunkên jajar lumaris | garwa sêkawan tansah | sinêmbramèng têmbung | sumèh sumyarja ing

--- 94 ---

tingal | radyan arya wus pinrak lan para rabi | anèng kuwon jêrambah ||

9. atap aglar ingkang para sêlir | Dêmang Gathul alinggih nèng ngarsa | tansah nyalong liring jomblong | dènnya linggih mrêkungkung | wus sinungan gantyan myang hèr tih | sarta sinung gigitan | ki dêmang asêngkut | dhasar sangêt pêtagihan | wirang suda tih sirih katêmu wuri | apyun kang kapêngarsa ||

10. suka gumujêng radyan minantri | Dêmang Gathul tandya ingunculan | apyun saglondhong mring radèn | tinampan sumarikut | tur rumakêt ngêmorkên galih | anulya linarihan | jênèwrêjênèwêr (dan di tempat lain). gya nginum | Dêmang Gathul saya inggar | kêna tyase jêjènggèrira amintir | marna kang endah-endah ||

11. dêming arak lan dêming panggigit | saya ngadêg suraning ing manah | pulih lir duk nonomane | agêdhe saguhipun | radyan arya pundhutan mijil | gêndhing munya angraras | linadyan pararum | tandhakira endah-endah | pitu sarya sêsindhèn panuju ati | nglêlèjêmi asmara ||

12. tandya dhahar dyan arya myang larih | Dêmang Gathul sampun sinunggata | nora pêgat dêdongènge | suka tyasnya sang bagus | garwanira sêkawan gênti | liningling sarya ngaras | sasêbdanya cucut | dene para sêlir ingkang | kang ngladosi datansah kasukan liring | kang manglung gya ingaras ||

13. kang satêngah tinutul ing nangsi | wênèh ingusap kêng payudara | wênèh pinijêt drijine | Dêmang Gathul tumungkul | mèsêm-mèsêm amêkolèhi | andulu mring dyan arya | amênuhi ingkung | kêng tandhak kinèn anjawat | mring Ki Dêmang wênèh kinèn angêpêti | wênèh ngladèni dhahar ||

14. Dêmang Gathul èsême pinirit | nora kawrat sukane ing manah | krêrasa duk maksih anom | irunge mênut-mênut | radyan arya suka ningali | pra garwa tukup waja | mèsêm kang pra arum | dumugi dènira dhahar | radyan arya gya majêng kang kuwih-kuwih | dhahar wus linorodan ||

15. radyan arya mundhut sipah nuli | mring garwa sêpuh Sang Angronsêkar | amulung sangking lathine | tinarimèng waja wus | tandya ngaras sang dyah anjiwit | sarya mèsêm ngandika | ana Dêmang [Dê...]

--- 95 ---

[...mang] Gathul | apa ora isin mana | radyan latah isin-isin apa yayi | saradan timur mula ||

16. Dêmang Gathul èsmu nglirik-nglirik | radyan arya mèsêm atêtanya | paman duk sira maksih nom | apa ta nora tau | sasêpahan karo si bibi | Dêmang Gathul wotsêkar | inggih sang binagus | anom ngantos sapunika | ulun mêksih sasêpahan lan pun bibi | mèsêm sagunging mulat ||

17. sira Dêmang Gathul matur malih | rêmên ulun pun bibi punika | yèn asung sêpah maringong | jêbugira wêwaluwêwolu. | sêdhahira pan kalih candhik | gambir sakojong mangang | ênjête sasêntul | puniku ujare sêpah | Angronsari gumujêng atukup lathi | dyan arya gumya latah ||

18. garwa kalih samya angonyohi | Sumarsanawati Mayangsêkar | radyan ambapang astane | asta ing kananipun | ngiras jaja ingkang ngonyohi | Sumarsana panênggak | asta keringipun | ngiras gêgrê Mayangsêkar | duk astanya radyan ginandan ingampil | anyuwol payudara ||

19. garwa kalih ngêsês nambang liring | radyan cinêthot ing lambungira | alatah suka gujênge | garwa nèm Mantarsantun | saos sêkar radyan ngèsêmi | manglung sarya ngandika | baik nyonyah taruk | ridhung trak cium sabêntar | mari dhêkêt mêngganti sawunya sumping | mas nyonyah lêkas-lêkas ||

20. sang dyah majêng tandya nênumpingi | mènglèng-mènglèng rahadyan lêlewa | sang dyah ingras prêmbayune | noragèng mundur-mundur | cara Mlayu sarwi nyiwêli | jangan tuwanku jangan | mêngusir prêcium | cis trak malu banyak orang | sampè sakit punya tètèk dhua kali | dhikrêja prêmainan ||pêrmainan.

21. gumyalatah rahadyan minantri | kongsi matawalangên ki dêmang | pating darêjêt sungsume | kapingin sêmonipun | wong jêlarat asugih rabi | kinalulutaning dyah | nglangsarkên pracium | sêmbada kang para garwa | bangun turut landhêp sêsmitaning liring | tur bisa mikat trêsna ||

22. wus dumugi kang pamboja krami | sira radyan dhatêng Gathul Dêmang | ya ta wus kinèn lumèngsèr | kawarnaa ing dalu | Menak Koncar pamit mring rabi | arsa ngrêbat arinta | ing Tuban sang sunu | garwanira kawan dasa | wus rinampit [rinampi...]

--- 96 ---

[...t] ing rêsmi dèn dêlajahi | wong bancèr bancar cik car ||

23. wong jêlarat amèrèt jukithit | bênthing wingwing dhandhing tur rêrendan | lèmèt têpèn babrêngose | brêranyak ladak patut | serat-sèrèt tur sugih wani | tan kêna ingungkulan | mring sêsamanipun | gêcas-gêcos para tantang | Menak Koncar tan kêna dèn mêjanani | sêkala prapta numbak ||

24. para tabok tur para têmpiling | para pisuh tur para sudukan | tur jumêngglèng kêkulite | sêmana dyan kawuwus | enjang sampun saninggyèng jurit | tinon lir krêsna putra | kang garwa ingimur | wrata samya ingarasan | para sêlir ginanti winolak-walik | ingras kang pêpungkuran ||

31. Pangkur

1. wus budhal Dyan Menak Koncar | apratistha songsong kartas sinungging | nitih kuda pun jêthayu | cêmêng panggung wiraga | wadyanira wong trunalanang manggrêgut | Ki Dêmang Gathul tan pisah | datan kawarna ing margi ||

2. wus prapta sukuning arga | pratapan Sang Pamênggrê Mahayogi | wanci surya tunggang gunung | radyan rêrêp sawadya | karsanira kang lampah cinidrèng dalu | kuda samya cinancangan | inggahira dèn dharati ||

3. parentahira mring wadya | kinèn sami ulur dènnya luris |Kurang satu suku kata: kinèn sami ulur dènnya lumaris. aja kanyina ing laku | radyan ngriyini lampah | amung Dêmang Gathul ingkang atut pungkur | sarya ambêkta busana | pisalin lan dhuwung kalih ||

4. lampahnya pêtêng anggagap | sarya matah sasirêp radyan mantri | lawan dêmang wus lumaju | warnanên kajinêman | kawan dasa ingkang rumêksèng sang sunu | saklangkung dènnya prayitna | tansah ngawêt jupiping ||Kurang satu suku kata: tansah angawêt jupiping.

5. gêgaman samya liniga | punang tigar wus samya dèn isèni | punang kunjara kinêpung | mangidung mêmadatan | kawus dawêg ing inggate Dêmang Gathul | datan rumôngsa darbe rah | tan wurung nêmu bilahi ||

6. mila pun Udan Prahara | lawan Barat Katiga ngati-ati | wus karsaning juwatagung | kêna pangaribawa | kajinêman patang puluh barêng turu | kocapa kang nèng kunjara | saklangkung dènnya kasyasih ||

7. tanpa dhahar lawan nendra | radyan datan liya kaciptèng galih | mung juwatanya kêng agung | anêgês karsaning kang | murwèng pandum ingkang karya lara lampus |

--- 97 ---

myang kêng ganjar amiseksa | kang sinuksma ing sabumi ||

8. Radyan Buntaran sêmana | rêm-rêm sata supêna aningali | apan ta lêluhuripun | cumlorot sangking wiyat | kang pêparab kang sêmèdi maha wiku | ambubrah kunjara waja | lan malih sang yyang sêmèdi ||

9. aparing sêkar wrat puspa | pan sêpasang siji sowang lan ari | radyan kagyat sarêng wungu | ngandika mring arinta | anjarwakkên supênanira ing wau | dyan kalih asrêping manah | rumaos badhe angsal sih- ||

10. ira sang Yyang Sukmanôngsa | gya kêsaru Dyan Menak Koncar prapti | wayahira têngah dalu | mangintip kang kunjara | rowangira sawiji mung Dêmang Gathul | radyan kalih sarêng nyapa | wong apa kang ngintip-intip ||

11. apa sira kajinêman | payo mara patènana wak mami | ingsun nora bisa kantun | mring rama adipatya | ya ta Menak Koncar kêng lampah sandu |Kurang satu suku kata: ya ta Menak Koncar kêng alampah sandu. angrês manahira radyan | miyarsa wuwusing ari ||

12. ki dêmang winangsit tandya | saurana paman si yayi kalih | yya salah grahitèng kalbu | wruha yèn ingsun prapta | Dêmang Gathul marpêki kunjaran gupuh | umatur mring radyan putra | gusti pun bapa kang prapti ||

13. dene kang ngintip punika | raka tuwan ing Lumajang dipati | Menak Koncar sang binagus | sêdya ngrêbat panduka | ya ta radyan kalih karuna umatur | kakang mas ulun tan nyona | kêpanggih kang mas nèng ngriki ||

14. Dyan Menak Koncar kang waspa | adrês mijil tansah dipun usapi | sêbdanya mangungun-ungun | panggih pintên prakara | ulun yayi yèn datan purun mangrubut | gadhah sanak pintên ingwang | kêjawi ari mas kalih ||

15. sampun kang tumêkèng lara | nadyan dhatêng pêjah ulun nglabuhi | ari kalih matur nuwun | kasuwun sih panduka | Dêmang Gathul nêmbah mring dyan arya matur | gusti sumôngga ing karsa | luware arinta kalih ||

16. ya ta Menak Koncar nêbda | jangan susah luware ari kalih | sêksana radyan agupuh | kinêpêl astanira | bêk sarosa punang kunjara jinagur | rêmuk sêkala wus bubrah | radyan kalih gya nungkêmi ||

17. mring Dyan Arya Menak Koncar | sêsambatnya karuna amlas asih | dyan arya gêpah mangrangkul | Dêmang Gathul karuna | sarwi bêksa têtayungan wongsal-wangsul | dyan kalih lan Menak Koncar |

--- 98 ---

pêngkul-pinêngkul kasyasih ||

18. kang rayi kalih sinungan | kang pisalin sampuning ngrasuk sami | Radyan Buntaran umatur | yèn marêngi kakang mas | pun Pamênggrê apan arsa ulun amuk | Dyan Menak Koncar ngandika | yayi sampun-sampun yayi ||

19. Pamênggrê tan duwe ala | dadening prang atas pun Menakanjing | lan malih Pamênggrê iku | pandhita gêntur tapa | lamun mandi yayi ing upatanipun | krêrana Yyang Sukmanôngsa | amurahi marang dasih ||

20. wangsul kajinêmanira | ingkang samya atunggu gêdhong wêsi | ulun cacake sêdarum | pun kakang pêtagihan | sampun lami tan kambon biring lan busur | matur nuwun Dyan Buntaran | sakarsèng raka mèstuti ||

21. warnanên wong trunalanang | saya dangu saya kathah kang prapti | wus ngumpul wong patang puluh | nèng ngarsanira radyan | Menak Koncar sigra parentah mring wadu | kabèh bocah trunalanang | karyanira ingsun ambil ||

22. punggawane Menakalas | kajinêman padha ijènên sami | dene ta lêlurahipun | roro ngèngèhna mring wang | Dyan Buntaran Watangan kalih mêsat wus | tan suda raosing manah | mring rakamtarakanta (dan di tempat lain). nora pamit ||

23. marpêki wong kajinêman | ingkang samya kêpati dènnya guling | Radyan Buntaran tan asru | gugah kang samya nendra | sinosogan ing abor tangi agugup | pan samya abilulungan | sangking prênahnya gumingsir ||

32. Durma

1. awas mulat kajinêman kawan dasa | pêcah kunjara wêsi | radyan kinêmbulan | sikêp biring lan tigar | sawênèh canggah cêmpuling | lamêng bêdhama | wênèh mangsah karo kris ||

2. radyan kalih pêngamuknya karo tangan | sinosog ganjur lungit | kadya panjangputra | sinosog ngalang-alang | pinetar gèpèng kang mimis | singa sinêrang | tinabok akèh mati ||

3. trunalanang angrubut karo curiga | goco-ginoco gênti | tinumbak tan tatas | jumêglèk lalu kentas | singa winangkris ngêmasi | wong kajinêman | ginagap tan ngluputi ||

4. sasisaning mati lumayu sumêbar | mogok lêlurah kalih | atimbul ing braja | sira Udan Prahara | Barat Katiga mrih ngungkih | sinuduk panggah | winang glut nora osik ||

--- 99 ---

5. Radyan Menak Koncar manrajang lumumpat | Udan Prahara aglis | ingancap lambungnya | ingukêl punang kisya | budi maputrê sru ngungkih | radyan binuwang | kentas umangsah malih ||

6. sira Udan Prahara muka tinêpak | mlocot kang punang kulit | ambêngok lumumpat | tinututan ing riyak | cumêplos êndhasnya kinging | bilong nrêratasnêratas (dan di tempat lain). | aniba sampun lalis ||

7. sira Barat Katiga wus kinalihan | mring sang atmajèng Tubin | ginoco tan pasah | binuwang nora kentas | malês nuduk dyatandatan. osik | kakal-kinakal | kinalih nora osik ||

8. Menak Koncar atêtulung sigra ngancap | pyuk putrê mangglut ngungkih | dyan arya binuwang | Watangan ngrasuk sirah | mangukêl rambut pinuntir | radyan winêngkang | binuwang tibèng têbih ||

9. Dyan Watangan mangrasuk gya tinadhahan | cangklèt masilih ungkih | Radyan Menak Koncar | eca rèrèn amucang | sarya mangidung ngrarêpi | syara lir kilang | têmbang sinom pêngrawit ||

33. Sinom

1. kumênyut raosing driya | kèngêtan kang mindha ratih | pun kakang abrôngta ngarang | lamun tan kêpadhan ing sih | sun têtêdha wong kuning | dadia sambunging umur | pantêse asung gantyan | tur mijil sangking ing lathi | pragat jôngga pun kakang gingsiring sêbda ||