Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Damarwulan, Anonim, c. 1810, #94 (Pupuh 49-60)

Katalog:Damarwulan, Anonim, c. 1810, #94
Sambung:
1.Damarwulan, Anonim, c. 1810, #94 (Pupuh 01-16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1051.
2.Damarwulan, Anonim, c. 1810, #94 (Pupuh 17-33) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1052.
3.Damarwulan, Anonim, c. 1810, #94 (Pupuh 34-48) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1053.
4.Damarwulan, Anonim, c. 1810, #94 (Pupuh 49-60) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1054.
5.Damarwulan, Anonim, c. 1810, #94 (Pupuh 61-70) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1055.

49. Durma

1. kawarnaa sira Radyan Menak Koncar | ingkang lagya lumaris | lan putra ing Tuban | datan kandhêk ing lampah | binendrong samargi-margi | makawal sarya | lumaku ngindhih pati ||

2. sêprandene wadya bala Bêlambangan | akèh longe kang mati | wadya trunalanang | mamuk sarya lumampah |

--- 152 ---

manèdhèng amiring-miring | singa sinrêrangsinêrang. | wong wetan kèh ngêmasi ||

3. garwanira Radyan Arya Menak Koncar | muwah kang para sêlir | tuwin arènira | Sang Dyah Kalpikawatya | myang Rêtna Kalpikaningsih | sêdaya samya | mêgêp nitih turanggi ||

4. apratistha abusana cara priya | wênèh sikêp jêmparing | kang sawênèh tigar | myang tulup pasrê panah | angracak kang para rabi | wasising kuda | datan anguciwani ||

5. binendrongan sing pungkur eca lumampah | wênèh kang para sêlir | arêpèn wangsalan | sawênèh kêkidungan | ana kang nêmbang mênyanyi | ingkang satêngah | lêlagon rêbut manis ||

6. kang pinisah amung garwa Mantarsêkar | tunggil lawan dyan mantri | mêkasi ing wuntanwuntat. | sarya sikêp manah |Kurang satu suku kata: sarya asikêp panah. yèn sinawang langkung pêkik | tuhu brêranyak | tan môntra lamun èstri ||

7. kang kanyina amung mungal ingkang jaja | lan dêdêgnya rêspati | yèn nuju katiban | mimis atap tan pasah | eca ngêntrakkên turanggi | macak wiraga | sinawang lir wong ngrangin ||

8. radyan arya ing manah marwata suta | rinampakkên kang wajik | mangrangkul mangaras | yèn kalanira bênggang | gêguyon amain liring | Dyan Menak Koncar | ambancèr saya bênthing ||

9. dhasar bancèr anglèncèr tur kasêmbadan | ladak amrakatèni | cênanang-cênanang | dhasar bocah rêrendan | wrêradan tur wani mati | wong sêsongketan | bocah srêrasah rukmi ||

10. Dyan Buntaran tansah umatur ring raka | kangmas suwawi jurit | sampun amêmirang | ingêdrèl datan lawan | suwawi alabuh pati | Radyan Watangan | gêpah nambungi angling ||

11. kangmas arya lêrês ature arinta | suwawi magut jurit | sinurak ing mêngsah | dyan arya gumya latah | dene sapunika yayi | mungsuh wong rucah | tur karoban ing tandhing ||

12. tanpa damêl yayi mas angantêp ing prang | mungsuh lawan brêngkutis | tanbuh kang rinêbat | bonggan yèn têkèng tiwas | rêbut balung tanpa isi | yêktine kalah | ingsun lan Menakanjing ||

13. angur baya yayi angarasa garwa | gumrah krêrasèng kucir | gliyak-gliyak prapta | nêgara

--- 153 ---

Majalêngka | gampil wong kang ngantêp jurit | yèn wus kêlakyan | luwar ingkang punagi ||

14. ari kalih umatur inggih kakang mas | sakarsangong lumiring | mèsêm Menak Koncar | mangyuh mring Mantarsêkar | dhenok si nonah lu panggil | kumari lêkas | adha pakrêjanpakêrjan. lêbih ||

15. mantar nyonyah mangrapakên kang turôngga | nimbali ari kalih | Dyah Kalpikawatya | Kalpikaningsih prapta | sarya ngêntragkên turanggi | ngasta gandhewa | cumêngkling sarêng angling ||

16. apa gawe ingsun kakang sira undang | mèsêm dyan arya angling | nonyahnonah. sira radyan | kasihna sirih nonah | cape mêjalan sahari | byarnya prêkuat | dhikasih obat murni ||

17. sang dyah kalih mlengos angawrati tingal | èsmu mèsêm dènnya ngling | gawokan si kakang | wong anèh nora lumrah | bok sinung gantèn pribadi | sun sênggah apa | alatah radyan mantri ||

18. Dyan Buntaran Watangan saya kêsmaran | ningali sang dyah kalih | amèsêm rahadyan | sarya ngênutkên tingal | sang dyah kalih wangsul aglis | mring prênahira | ngêntrag kuda manirig ||

19. radyan arya mèsêm sinamun ing netya | duk ngliring rakyan kalih | sira Gathul Dêmang | netra kumêdhèp têsmak | ningali mring sang dyah kalih | wasisingsasising. kuda | warna lir yang yang tulis ||

20. dan warnanên sira Kotbuta Katbuta | sêkancanira prapti | angodhol mring radyan | lampahira ginêlak | surak-surak ngrutuk bêdhil | têngara gumrah | lir udan sinêmèni ||

21. Menak Koncar gya kèndêl dènnya lumampah | lan garwa Mantarsari | myang atmajèng Tuban | ngabani trunalanang | wong rong puluh ambêk pati | kang anèng wuntat | samya asikêp biring ||

22. radyan arya tênapi atmajèng Tuban | samya sikêp jêmparing | lumêpas lir jawah | wong wetan kathah pêjah | kang manurung dèn tadhahi | mring trunalanang | campuh rok silih ungkih ||

23. gantya wawal-winawal gêbang-ginêbang | tumbak-tinumbak gênti | wong wetan kèh pêjah | wong trunalanang panggah | nanging kudanya kèh mati | mangamuk dharat | lir banthèng tawan [ta...]

--- 154 ---

[...wan] kanin ||

24. para dhaèng para rôngga para menak | ngawaki ing ajurit | majêjêl manrajang | anglambung kering kanan | dyan arya lan Mantarsari | sara lumêpas | tibane lir gurimis ||

25. kêndhangantru mamrêm mangiwung ing pêdhang | trunalanang nadhahi | manumbak tan tatas | kêndhang gumulung ngrêmpak | tinumbak pan nora osik | gèbèg lumumpak | singa sinrang kuwalik ||

26. trunalanang yêkti karoban ing lawan | pêksa kiwul kêtangsil | Rahadyan Buntaran | manrod manarik pêdhang | angrapakên kang turanggi | pun Antrukêndhang | sinabêt griwa titis ||

27. sira Kêndhang gumulung wus tinadhahan | Dyan Watangan caruk kris | anèng luhur kuda | kèkèt mangrênjah wantya | goco-ginoco manitir | dhupak-dhinupak | radyan arya nulungi ||

28. sira Kêndhang gumulung muka tinêpak | mring radyan arya aglis | dene ing gandhewa | êndhas crah wus palastra | Menak Gala-gala ngincih | mring Mantarsêkar | panumbaknya tinangkis ||

29. ing gandhewa watang putung narik pêdhang | Mantarsari nglipasinglêpasi. | ing tiksyara tandya | Gala-gala kang jaja | kêpranan nanging tan titis | kontal sing kuda | dyan arya gya nulungi ||

30. sigra nandrê manglayang sangking turôngga | Gala-gala kang wèni | jinambak sinêndhal | mlocot kuliting sirah | nglumba tandya dèn riyaki | kêpala nratas | anjungkêl gya ngêmasi ||

31. angunduri wadya bala ing bang wetan | kawarnaa ing ngarsi | linambung ing mêngsah | wong trunalanang tadhah | caruk wor asilih ungkih | tumbak-tinumbak | tigar-tinigar gênti ||

32. caruk kèkèt macangklèt pêdhang-pinêdhang | wênèh wangkris-winangkris | asêndhal-sinêndhal | syara lir ampuhan |Kurang satu suku kata: syaranya lir ampuhan. pating barêkuh wong kanin | sêbrak rakatak | saraswara (dan di tempat lain). pating sarêngkling ||carêngkling.

33. mamuk mamrêm wong trunalanang magalak | singa sinrang ngêmasi | wus mundur wong wetan | rôngga dhaèng mangrêmpak | pra menak angantêp jurit | mangsah magalak | trunalanang

--- 155 ---

tan osik ||

34. para garwa pra sêlir samya prayitna | rakit magolong pipis | samya lêlumbungan | pangêdrèlnya tan pêgat | wênèh ngudani jamparing | wong Bêlambangan | singa mangrêmpak mati ||

35. maju pêjah kang mundur atawan brana | pra menak kèh kang mati | ingurugan tigar | wênèh pinasrê upas | ana ngudani jêmparing | maju katulak | durung kacundhuk lalis ||

36. saya giras wong wetan kathah kang pêjah | kadya babadan pacing | Malang Krêndha Gajah- | Srênggi wus samya pêjah | Mangrupêksa angêmasi | pun Suradikya | Ditya Sêmbawa mati ||

37. Singardara pun Macanlaut sudira | gèbèg katiban mimis | mrêm bêkik lumumpat | milar mangikal pêdhang | tinumbak pan nora osik | wong trunalanang | bubar tan môngga pulih ||

38. para garwa pra sêlir masrê manigar | wênèh ngrutug jêmparing | Macanlaut panggah | Singadara mangrêmpak | Sang Rêtna Kalpikawati | nglanjak sing papan | tan ngantèni iwuri ||ing wuri.

50. Pangkur

1. wus têlas jêmparingira | narik pêdhang Sang Dyah Kalpikawati | pun Singadara manubruk | sarya mangikal pêdhang | kudanira sang dyah ginêcètkên mamprung | manglayang nandrê amêdhang | kumêclapira lir thathit ||

2. pun Singadara pinêdhang | mukanira jungkêl nanging tan titis | dyan arya awas andulu | ing ngarsa pacakara | BantarsêkarMantarsêkar. Buntaran Watangan sampun | nandrê mangêtap turôngga | yamtaya ta. malih kang winarna ||

3. Makrura pun Singadara | giro-giro lir buta munamunah. daging | Kalpikawati agupuh | nabêt mangalap-alap | Singadara nangkis pêdhang kalih rampung | rikat samya narik katga | Singadara dèn larihi ||

4. milar manuduk turôngga | kuda rêbah sang dyah lumumpat aglis | Radyan Buntaran têtulung | wus anjlog sing turôngga | kuwêl kèkèt lan Singadara mawa glut | goco-ginoco tan pasah | Macanlaut angêmbuli ||

5. rinêbut mring Dyan Watangan | lan Dyan Arya Macanlaut kinalih | tinabok [tina...]

--- 156 ---

[...bok] mukane rêmuk | ya ta Radyan Buntaran | dangu cangklèt lan Singadara macakut | radyan tinangsil binuncang | Menak Koncar gya nulungi ||

6. lumumpat sangking turôngga | pyuk maputrê Singadara pinuntir | kesyanya salang sinuduk | tatas wus kapisanan | Dyah KatpikawatiKalpikawati. adharat mangamuk | pinapak mring Dyan Buntaran | sang dyah gya pinondhong aglis ||

7. Menak Koncar gumya latah | lêbur tiwas dagangan kocar-kacir | sang dyah tinitihkên sampun | ing kuda Dyan Buntaran | sasisaning mati wong wetan sumawur | Buta Katbuta umangsah | nanging kêsaput ing wêngi ||

8. tandya sapih kang ayuda | Menak Koncar laju mring Maospait | wong ing Bêlambangan mundur | dhatêng kitha ing Daha | de warnanên Urubêsma Sang Aprabu | sinusul mring sang pandhita | Yyang Pamênggrê maha yogi ||

9. pitutur lir cocak môngsa | sarya erang-erang têpa palupi | ingkang putra rinarimuk | kinèn bubarkên ing prang | sarta winandea dènnya darbe kayun | anggarwa sang prabu rara | Sri Bêsma bêndu tan sipi ||

10. tansah agèdhèg kewala | Yyang Pamênggrê juwêt amituturi | risang maha ratu ayu | ratu musthikaningrat | ambêksanta budya marang krama putus | aja sira mungsuh nyawa | sang prabu ing Maospait ||

11. tan wun yèn manggih bêbaya | kumalungkung buwang nalaring gusti | ing satêdhak turunipun | pantêsira sumewa | duk ing syarga Brawijaya Sang Aprabu | sira wong kinarya mulya | ing mêngko amidakani ||

12. tangèh nêmua raharja | yèn wong mampang mumpung amurang niti | Sri Bêsma bêkos agangsul | gawokan sang pandhita | anggung gawe Brawijaya kang wus lampus | pambêke kinudang-kudang | beda mangke lan ing nguni ||

13. Sang Yyang Pamênggrê angucap | nora beda ratu nyawaning bumi | dhingin ratu mêngko ratu | maksih anggêlar mulya | niti krama ing wêweka among tuwuh | tur sinihan Yyang Wisiksa |

--- 157 ---

kinamulèn widadari ||

14. awit baboning manungsya | Yyang Sis Cahya Nurrasa Yyang Pramèsthi | prapta ing saturunipun | ingkang jumênêng nata | wus pininta-pinta ing Yyang Sukmanagung | nora kêna sinêlanan | ing titah kang bôngsa dasih ||

15. ing nalar tan kêna pêgat | nora kêna sira angrusak gusti | tan linilan ing dewagung | kaki prabu elinga | tanah mulya nêgara ing Majalangu | ratune ratu utama | musakani nungsa Jawi ||

16. Sang Urubêsma manêntak | ting kalêpyur idune dènira ngling | Yyang Pamênggrê ramaningsun | sampun kathahên ujar | amunduran glar ambêke gunggung-gunggung | ugrêre kang wus kahana | kawidibyan sura sêkti ||

17. ing mangke sintên kang nôngga | ing kayudan inggih dhatêng ing mami | Maospait andêlipun | amung Dipati Daha | sêprandene tan nôngga ing yudaningsun | sêdene Dipati Tuban | ing adat sura sinêkti ||

18. ing mangke wus têkèng pêjah | tan kuwawi amungsuh dhatêng mami | wong Majalêngka sêdarum | cawêta lan èstrinya | lan godhonge wringin dadia wong mungsuh | krêriga cindhile abang | sayêkti ulun tan ajrih ||

19. lan malih sang prabu rara | datan ingsun suprih ingkang rudatin | supaya arsaa mring sun | sampun kêlawan aprang | mangke rusak nêgari ing Majalangu | pan wus jinarag priyôngga | tan arsa milih kang bêcik ||

20. ngandêlakên Yyang Sukmana | têmah rusak nêgari Maospait | dene nora atêtulung | dewa ing Suralaya | amajua sayêkti ulun tan takut | dewa busuk wuta mamak | yèn wania mungsuh mami ||

21. Sang Yyang Pamênggrê manêbda | kaki aja akèh-akèh dènnya ngling | basa Yyang Sukmana Luhur | tan asih ing wong arda | arda kêkêl ingkang amurka digung |Kurang satu suku kata: arda kêkêl ingkang amurka adigung. kang pinilih wong utama | kang tumindak lawan niti ||

22. kang sumrasah ing kraharjan | angarjani ing sêsamining jalmi | ingkang bisa nimbang wuwus | wuwus bêcik lan ala | kang sumingkir sêbarang rèh tan ayu |Kurang satu suku kata: kang sumingkir sêbarang rèh tan rahayu. iku pinilih Sukmana | pra juwata angasihi ||

--- 158 ---

23. babo-babo putraningwang | payo mulih marang Blambangan nagri | wurunga dènnya mrih pupuh | pan iku gustènira | pan sayêkti kaki kêdhik luwangipun | wong balela dimêmulya | satêmah anyilakani ||

24. wilalat ingkang pinanggya | atasira abdi-abdi sayêkti | tan kêna rumêngkang kayun | sumôngga ing rèh arja | kaya sira arsa garwa mring sang prabu | garwanira kurang apa | bok aja arsa mring gusti ||

25. dene-dene kêtampana | pênglamarmu kaki mring prabu dèwi | wuta dêksura ing pandum | yèn sira paripêksa | bok si aja pugal marang ratu ayu | iku kêkasih Sukmana | pra juwata ngrêksèng budi ||

26. widadari mèstudiamèstutia. | pra pandhita jrih lulut gung kêng puji | wong sabumi winong tuwuh | yèn ampuh upatanya | tur ta sira kaki tan nêmu rahayu | Sri Bêsma saya brêmantya | dene sudarma sru kingkin ||

51. Asmaradana

1. jaja bang lir mêtu agni | nênggih risang Urubêsma | ngandik ngantirah netrane | nuju ing kursi pinarak | lawan sudarmanira | kaya anuduka gapruk | sangking sangêting kang duka ||

2. pawohanira binanting | sêbarang cêlak sinepak | Sri Bêsma sugal wuwuse | dene ta kaliwat-liwat | kaya mêdèni bocah | sêdaya wong Majalangu | sapa kang wani maringwang ||

3. sintên-sintên wong aurip | kang kasongan ing akasa | kang sinôngga bumi kabèh | ratu kang animbangana | dhatêng pun Urubêsma | Blambangan prawira têguh | kyat ing rat wisiksèng jagad ||

4. ratu sakurêbing langit | dadia mungsuh sêdaya | tangèh yèn nôngga mungsuh ngong | juwata ing Suralaya | dadia mungsuh samya | ulun sayêkti tan wiguh | tur môngsa sun wurungêna ||

5. angrêmpak ing Maospait | amondhong sêsotyaningrat | iku èstri ungas bae | durung wruh ing tok manira | basane lumuh krama | tumruna Bathara Guru | mambêngi ulun tan kêna ||

6. Yyang Pamênggrê Maharêsi | sêbdanira èsmu waspa | ambêkuh dhuh putraningong | tan ana kang dadi cacat |

--- 159 ---

ratu sêdya sudira | nanging ana mangsanipun | pêsthine kang linampahan ||

7. sudira tibèng utami | pantês linakonan aprang | iku kaki upamane | sira awêdi mungsuhan | kêlawan gustènira | nora dadi nisthanipun | malah dadia utama ||

8. dene ta sang prabu dewi | pusakaning tanah Jawa | ambêk sêtya budi sumèh | sêbarang rèh kang tan arja | amung amrih utama | risang Maha Ratu Ayu | sinôngga rinêksèng Dewa ||

9. yêkti yogya dèn singkiri | arda miseksèng utama | dadya wruh bênrê têgêse | nora dadi nisthanira | dene amilih mêngsah | yêkti ratu Majalangu | bêthara mangejawantah ||

10. kabèh kang para nrêpati | tan ana lir nungsa Jawa | Majalêngka têtunggule | pininta-pinta ing dewa | musakani utama | nadyanadyan. wanodya sang prabu | sinihan ing Sukmanôngsa ||

11. tan ana wong amrih luwih | ing budi kang kadya sira | manggung sikara karême | margane yèn waluyaa | ngrusak ing gusti tama | wong murka mungsuh rahayu | tangèh mênanga kang murka ||

12. lamun sira wurung jurit | ngarsaningarsaning. sang prabu rara | wong pandhita bungah kabèh | miwah sawêwêngkonira | sêdaya anglêmbana | sêntana myang anak putu | miwah ratu liya-liya ||

13. suka tur wuwuh pakering | rèh nêtêpi bêbênrêran | yèn wurung juritmu anggèr | yêkti ingaran wêspadawaspada (dan di tempat lain). | de milih-milih mêngsah | dene kang têtêp dèn mungsuh | ing wêweka wus têtela ||

14. nadyan wruh ing ala bêcik | nadyan Dewa Suralaya | padha suka bungah kabèh | yèn nimpang ugrêring sastra | miruga amrih arda | yêkti manggih papa agung | rusake sagung manungsya ||

15. lah sapa ingkang tinagih | ing dewa rusaking praja | tan lyan marang purwakane | labête kurang wêspada | tinambuh ing wêweka | kaya ta upamènipun | kaki jênênging narendra ||

16. anggêpe wadya yèn jurit | sagung kawulaning raja | tumindak lawan sêpakon | yèn ana punggawa tiwas | anèng [a...]

--- 160 ---

[...nèng] têngahing papan | yèn nutut kêlawan tatu | sayêkti yèn dudu titah ||

17. bôngsa kewan iku kaki | dudu jinising manungsa | tan patut ingabdèkake | saturune aja cêdhak | lawan jênênging raja | wong jêmbrê abôngsa asu | tan pantês awor manungsa ||

18. iku alaning wong jurit | yèn tinggal mungsuh adêgan | binirata saturune | yèn ratune wus wêweka | lamun durung wêweka | bênrê wong tinggal ing ratu | pan sangking tiwasing raja ||

19. Sri Bêsma kang waja gathik | sarêng miyarsa ing sêbda- | nira sangêt brêmantyane | kumutug jaja lir ngobar | anggèdhèg tanpa ngucap | ambêkuh rema sinaut | gumêtrê kang punang asta ||

20. Pamênggrê sabda wor tangis | dhuh putra kula ja pugal | masalah liring kêprabon | nora kêna ginagampang | pramugarining jagat | nora kêna luru-luru | babo pangrèhing agêsang ||

21. jrê wênang anampik milih | mungguhing rèh kabêcikan | môngsa kinèn ala bae | ing Sang Yyang Jagat Pratingkah | tur kêdhik luwangira | murka ngalahkên rahayu | sênadyan dèn murahana ||

22. ing Yyang Suksmana kang luwih | sakêdhap unggul kang murka | tnêngahinêngahi. praptèng apêse | malah tumêkèng wêkasan | ungguling rèh raharja | nêngahi mêkasi unggul | rahayu rinowang Sukma ||

23. arda murka kang ngrowangi | drubiksa amomor tilas | nora panggah sêlawase | rêmên wong tumêkèng rusak | tur yêktine kungkulan | ing bêbudèn kêng rahayu | rèh ngidenan Yyang Pratingkah ||

24. ngadêg Sri Bêsma macicil | anyandhak bindi pusaka | nora kawrat bramantyane | sigra mundur sang pandhita | uwas raosing driya | jrihira dewa kêng luhur | katêmpuh atmaja pugal ||

25. sangêt digung murkèng bumi | tan wun saking ing dêduga | tiwas pangrumêksèng katong | tansah andrês punang waspa | tumêngèng sirèng tawang | minta pamurunging laku | yogya têmah ingupatan ||

26. tandya gêtrê [gê...]

--- 161 ---

[...trê] patrêpatêr. muni | anêkakakên prabawa | lesus gêng jawah drêdrês. awor | buh bajra gora gumiwang | Sang Yyang Pamênggrê mêsat | mantuk mring pratapanipun | lampahe awor maruta ||

27. Sri Bêsma cuwa kang galih | sudarmanira murcita | nguwuh mring tawang sêbdane | payo dewane majua | atandhing prang lan ingwang | pra juwata gumya umyung | tan kaya sri naranata ||

52. Sinom

1. malih warnanên dyan arya | wus prapta ing Maospait | laju sowan ing apatya | lawan sang atmajèng Tubin | wus sinunggata sami | sêksana bubaran mundur | mondhok ing katubanan | surup surya ingkang wanci | Dyan Buntaran umatur mring Menak Koncar ||

2. kangmas yèn panduka arsa | bok ipe sêkawan sami | maraka ing jro kêdhatyan | ing sang maha prabu dèwi | miwah kang para sêlir | tanapi rinta bak ayu | Kalpikawati lawan | kakang bok Pikaningsih |Kurang satu suku kata: kakang bok Kalpikaningsih. dêdimène wuninga sang prabu rara ||

3. yèn panduka lan kawula | praptèng nagri Maospait | rèh nguni ulun ngandikan | asru dènnya ngarsi-arsi | kang sarta wak mami |Kurang satu suku kata: kang sarta awak mami. kados wus misuwur lampus | ing mangke têkèng luwar | kakang mas kang dados margi | radyan arya mèsêm mangsuli ngandika ||

4. wusana arum ngandika | yayi mas langkung priyogi | nanging sumêlang ing manah | mênawi ngagèt-agèti | rèh kathah gundhik mami | ayu-ayu gumurudug | padmèningsun sêkawan | kêjawi pun nonah kalih | bilih-bilih asiku awak manira ||

5. kula punika yayi mas | sakêlangkung têmên ajrih | dhatêng sang prabu wanodya | dene ta tiwas ing jurit | kawon lan Menakanjing | arinta mangsuli wuwus | kakang mas tan kuciwa | kawona lan Urubêsmi | dede timbang timun amungsuh lan duryan ||

6. balanya wêndran ayutan | Urubêsma tur sinêkti | pantês sang prabu ngapura | kangmas mring panduka yêkti | kathah kang pra dipati | pra menak para tumênggung | datan kados kakang mas | surèng prang tan arsa balik | lalu

--- 162 ---

nglômpra wisma satêngahing alas ||

7. lumuh biluk nanging wêgah | sing boting wantrê ring galih | kula ingkang nanggêl kangmas | yèn sang prabu rara runtik | malah luntura kang sih | amargi sing luwar ingsun | mèsêm Dyan Menak Koncar | Radyan Watangan nambungi | lêrês rinta kangmas yya sumêlang driya ||

8. ki dêmang matur wotsêkar | radyan rinta sang dyah kalih | yogya umarsèng jro pura | sapunika lan pra rabi | ngandika radyan mantri | lah ta paman Dêmang Gathul | sumôngga ing sakarsa | sapangrèh ulun lumiring | tan kawarna dènira agunêm rêmbag ||

9. ya ta ari kalih sang dyah | lan sêkawan para rabi | sêdaya gêgundhikira | samya lumêbèng jro puri | tandya kandhêg ing wijil | wus katur mring ratu ayu | Sang Rêtna Rarasatya | lan Sang Dyah Rêtna Sêkati | ingkang samya kinèn mêthuk paregolan ||

10. Dyah Rêtna Kalpikawatya | lan Sang Dyah Kalpikaningsih | muwah pra garwa Lumajang | myang sagunging para gundhik | anoragèng ngrêpa sih | binagèkakên sêdarum | ing Sang Dyah Rarasatya | miwah ing Rêtna Sêkati | sang akalih dangu dènnya rêrangkulan ||

11. wus kèrit kêkanthèn asta | Kusuma Rêtna Sêkati | lan Sang Dyah Kalpikawatya | dene ta Sang Rarasati | lawan Kalpikaningsih | lampahe aruntung-runtung | gêbagan arantaban | pra garwa lan para sêlir | tan myat mring lyan sadangonira lumampah ||

12. pan amung Rêtna Sêkatya | ingkang tinutkên ing liring | kuninge kuning utama | sadhêtesèdhête. sèdhêt rêspati | dêdêling tur gumrining | mêthinthing gilig apatut | pamulu lir kêncana | kadya ta tan ngambah siti | pantês wigyawignya. anggoyang yusyaning priya ||

13. bêsuse namur pêsaja | mêsêse amitambuhi | liringe lir pasopatya | sêmune nora nyanani | syaranya cumêngkling |Kurang satu suku kata: syaranira cumêngkling. pantês gandês ing tilam rum | ngingah macak ing netra | busananya mêsajani | mung arume kewala ingkang kinayang ||

14. tanpa wida tanpa sêkar | mung tasik lamat kaèksi | amrusuh tur mônda-mônda | antara [anta...]

--- 163 ---

[...ra] yèn mêjanani | nanging punang kasturi | jêbade ngambar kongas nrus | ratuse anrêmanahanêrmanah. | dèn ukup ing bungah ramping | pinênciran ambar sêpatrê hèr mawar ||

15. para garwa ing Lumajang | angucap sajroning galih | pantês Radyan Menak Koncar | kêsmaran Rêtna Sêkati | tan ingwang dèn labuhi | rinowangan takrê marus | iki si jawanira | Dêmang Gathul duk prêjanji | mendahane besuk yèn wus kêlampahan ||

16. iba dyan arya ing manah | tan pêgat amaintèngsi | êtohe tur êpêng-êpêngan |Lebih satu suku kata: êtohe tur êpêng-pêngan. pantês tan nguman-umani | mendah susahing ati | tau sawah gaga gadhu | wusana larang pangan | sun têtêdha ing sukmadi | sok sidhasar sang dyah yya èpèh kewala ||

17. nora kudu nyamènana | sok enaka ingkang ati | narima dadi pawongan | sok mêksia radyan mantri | wong bagus aja lali | yya dumèh yèn krama ayu | ngêmpèk trêsna kewala | wong abancèr sugih rabi | sok si aja nglarakkên ati kewala ||

18. ya ta sang prabu wanodya | munggèng jro prabayêksadi | ingayab manggung biyada | bêdhaya rong lajur sisih | miwah Dyah Citrawati | Citrasmara anèng pungkur | myang Widawati sang dyah | Widasmara datan têbih | amuwuhi manuhara ing kêdhatyan ||

19. maha sang sêsotyaningrat | pinarak ing kasur sari | kadya murca kinêdhèpna | lir Ratih tumrun sing syargi | rênyêp-rênyêp kaèksi | ujyala mêlok sumuluh | keringnya Banowatya | sang pramèsyari ing Tubin | ingkang tansah nampèni pangandika ||Kurang satu suku kata: ingkang tansah nampèni kang pangandika.

20. marna solahing atmaja | duk anèng madyaning jurit | kêcakup ing wong bawetanbang wêtan. | malah ta ingkang pawarti | samya kinunjra wêsi | anèng ardi Mahamèru | dinuga-duga samya | kados sampun angêmasi | yèn sinundukan ardane Menakjingga ||

21. lan pambêkanira radyan | kyating tyas surayèng wèsthi | ya ta risang Banowatya | datansah mangêmu tangis | sêbdane prabu dèwi | tansah angecani kayun | ya ta Kalpikawatya | Kalpikaningsih [Kalpikaning...]

--- 164 ---

[...sih] wus prapti | myang pra garwa Lumajang tarap nèng ngarsa ||

22. Rarasati lan Sêkatya | wus cêlak ngarsaning gusti | sang prabu rara ngandika | lah ta bibi Banowati | èsmu pitambêt mami | ing rèh nguni dèrèng wrêruh | marang Kalpikawatya | sêdene Kalpikaningsih | lawan sintên kang anèng ing wurènira ||

23. umatur Sang Banowatya | apan inggih sang akalih | punika atma kawula | Menak Koncar kang darbyari | putranira sang rêsi | Mahbutlawa kakang ulun | ingkang pêngkrêpêngkêr. punika | pun Menak Koncar kêng rabi | wuri pisan sêlire pun Menak Koncar ||

24. prabu rara angandika | bibi sintên kang wêwangi | somahe Ki Menak Koncar | umatur Sang Banowati | punika Angronsari | dene ingkêng keringipun | pun Sumarsanawatya | kering malih Mayangsari | wêkas pirên awasta pun Mantarsêkar ||

25. ya ta sang prabu wanodya | ngandika arum amanis | lah yayi Kalpikawatya | tênapi Kalpikaningsih | mara majua yayi | ingsun takon wartanipun | rakamta Menak Koncar | miwah yayi mas ing Tubin | sang dyah kalih umajêng saha wotsêkar ||

26. tandya samya ngusyèng pada | sumugun sang prabu dèwi | umatur Kalpikawatya | ari panduka ing Tubin | nguni kinunjra wêsi | anèng arga Mahamèru | rinêbat mring pun kakang | wusana luwar sang kalih | mangke sami sowan ing panduka nata ||

27. Radyan Buntaran Watangan | pun kakang wus samya prapti | mondhok pêsanggrahan Tuban | ing lampah raharja sami | ing rèh rêntênging margi | tan punapa sang pukulun | angsal pangèstu nata | wong wetan datan nêdhasi | sarta angsal ing sih srêngkaraning sukma ||

53. Dhandhanggula

1. Sukanya wor kumêpyur ing galih | prabu rara duk miyarsa sêbda | inggar sêkala ing tyase | upama lampah dalu | kapêtêngan panglonging sasi | kapêthuk obor mubyar | padhang kêng driya nrus | lir wulan kalingan mega | duk mangisis sênsaya ngembahi manis | sanetya sêtya sumrah ||

2. Banowati tyas marwata siwi | lir siniram ing tirta wahana | asrêp sêkala galihe | ketang ing

--- 165 ---

trêsnanipun | mring dyan arya Lumajang pêkik | gêpah Sang Dyah Sêkatya | gya mangrangkul gapyuk | mring Rêtna Kalpikawatya | tanbuh inggar ing driya wêntaring èsthi | lambung kadya pêpêsa ||

3. prabu rarèsmu mèsêm piningit | mawang ari Sang Rêtna Sêkatya | pawore rêsêp tyas sumèh | nèscayèng sarèhnyalus | para garwa Lumajang sami | kamitênggêngên mulat | dènnya pawor têmbung | Sang Rêtna Sêkati lawan | Dyah Kalpikawati lan Kalpikaningsih | ngasih-asih aprana ||

4. sang akalih sêmu mêkolèhi | sasolahira amambu manah | rakamta ingingisake | ing sêtya antêpipun | dènnya darbe sudarawèdi | mring sang atmajèng Tuban | winarna rèh kang wus | malah wuwuh nora kurang | Dyah Sêkati saya golongan trêsna sih | mring Harya Menak Koncar ||

5. ri sêksana kang tadhahan mijil | pisunggatanira ingkang prapta | pênuh prabu rara sihe | garwa sêkawan gupuh | dipun awèngawe. mring prabu dèwi | majêng saha wotsêkar | pinaringan sampun | singsim jumrut mirah rêtna | nigang rakit dyan arya kang para rabi | konjêm tyas manglêmbôna ||

6. kinèn mundur wus tata alinggih | para sêlir wrata pinaringan | sinjang ing sakasmêkane | Kalpikawati gupuh | lawan Sang Dyah Kalpikaningsih | ingawe praptèng ngarsa | sabdane sang ingrum | yayi sun paringi sira | sangsangan mas sutèngsu sinilih asih | matur nuwun kalihnya ||

7. malih ngandika sang prabu dèwi | ingsun nungsung paningsêt mring sira | pathola wungu pinrêsmèn | sang kalih matur nuwun | wus tinampèn saha wotsari | mundur tata alênggah | Rarasati matur | kadang garwa wus ginanjar | Menak Koncar ginanjar punapa gusti | mèsêm sang prabu rara ||

8. sun tan bisa angganjar mas picis | pira bara yèn kartaning jaman | besuk uga ana dhewe | Sang Dyah Sêkati matur | gusti yogi sinung nêgari | ing pundi môncapraja | ing bang lèr sêdarum | piniliha sasukanya | prabu rara mèsêm pangandikanyaris | Menak Koncar tan arsa ||

9. sinung praja ing môncanêgari | sun wêtara

--- 166 ---

yayi nora rêna | Menak Koncar pêpatute | tanah sêgara kidul | nanging angkuh sasiring ati | tansah sinamun raras | ing netya pitambuh | nanging kang sujananing tyas | nora kilap saobah osiking galih | liring kêcakrèng ngujyala ||Lebih satu suku kata: liring kêcakrèng tingal.

10. Menak Koncar ginanjar mring aji | sinung tôndha mêndhali têtiga | wus tinampèn gya ingageingangge. | jaja kering tumanduk | antaranya yèn angsal kardi | benjang kartaning jaman | sinêngkakkên luhur | ginandhangginadhang. gêntyani uwa | anèng Daha dadya bupati pangirit | angrèh kang para raja ||

11. duk sêmana aluwaran sami | kadang garwanira Menak Koncar | mantuk praptèng pakuwone | dyan arya tanya gupuh | mring arinta myang garwa sêlir | sasaniskara dènnya | anèng jro kêdhatun | Kusuma Kalpikawatya | lan Kalpikaningsih jarwanira ngênting | dyan arya suka ing tyas ||

12. garwa sêkawan tinanya gênti | ingkang dadya karêmaning mulat | duk anèng jroning kêdhaton | datan sêlayèng atur | namung Sang Dyah Rêtna Sêkati | sapangrèh sumèh sumrah | mangêmarkênmangêmorkên. tyas rum | rakit rumêsêp ing netya | sêbda manis pêsaja ngecani galih | mendah yèn wus akênal ||

13. nora ingwang dèn labuhi pati | cacadira pan amung satunggal | têka ewuh tangguhane | wong srèsèh namur ruruh | wong alandhêp nora nyanani | bêsus api pêsaja | gandhang-gandhang samun | wong kêmpyang mêmês jêtmika | sabên-sabên ngandika dipun pênciring | ingèsêm pêpingitan ||

14. lir ginoyang tyase radyan mantri | pating karêjot sariranira | èsême dèn èbèr bae | pra sêlir sami matur | manglêmbana ing prabu dèwi | wênèh ing Dyah Sêkatya | wênèh aturipun | amarna kang pangandika | prabu rara sêmune amêmiringi | ing Sang Rêtna Sêkatya ||

15. miwah dhatêng arinta dyah kalih | prabu rara kados darbe karsa | nênggih ing têmbe ngakire | dyan arya saya sêngkud | juwêt dènnya anênakoni | ing ari kalihira | sarya manggut-manggut |

--- 167 ---

Kusuma Kalpikawatya | lan Kalpikaningsih aturnya mranani | anrus sêdhêp sing raras ||

16. tur linarhên goning mêmanis |Kurang satu suku kata: tur linairkên goning mêmanis. lamun nujoni têlênging sabda | wangsul-wangsul pamarnane | yèn pinrih rampungipun | yêkti nora rampung sawêngi | malah rong dina kurang | dyan arya sêklangkung | poyang-payingan ing manah | tan srêrantasêranta (dan di tempat lain). kêpalang anèng jro puri | tansah abêntayangan ||

17. rêngêng-rêngêng mangidung ngrarêpi | tan lyan ingkang kacipta ing manah | mung sang dyah kang nèng kêdhaton | pra garwa sêliripun | kang pinindha Sang Dyah Sêkati | sabên ngrarêpi radyan | pada tibèng cium | sêbarang kang winayangkara |Lebih satu suku kata: barang kang winayangkara. sêparane jinaga kang para gundhik | juru tadhah ciuman ||

18. kadang katut mirah sangking laki | marimpèni kusuma ing Tuban | mas Citra munggèng sirahe | aja mamang wong ayu | mring pun kakang wong dhandhing bênthing | bondhol agêng mas mirah | dèn mulung sihipun | kayu rêbah anèng tawang | sumangsang mring dika gusti |Kurang empat suku kata: Menak Koncar sumangsang mring dika gusti. baya wong awibawa ||

19. yuyu tasik gusti sun wêstani | wus sêdhênge nambut ing akrama | sobrah laut nah ing anggèr | cagrêrêna wong ayu | Menak Koncar wong miyatani | rare ngapit jêmpana | jalak jênar masku | wus pinatah ing juwata | cêcadhange wong abancèr sugih wani | intêne wong Lumajang ||

20. kêmang irêng ni mas sun wêstani | kadang Pêndhawa milu Kurawa | lamun asih mring tanggone | paringa mirah ingsun | puspa krênakrêsna (dan di tempat lain). marang kêng abdi | sun karyane pratôndha | tandhane sih lulut | bajing bang kang saba wana | nora larang wong ayu sun tohi pati | mundrine wong Lumajang ||

21. Menak Koncar minggah ing jinêm mrik | nglipur brôngta kinapat gundhiknya | sak jam ping sanga unggahe | cinipta têlênging kung | sêprandene sarya ngrêsêpi | dara loro mas mirah | èstu jodhonipun | toya mijil ing sarira | nonah dinar èngêta ing wong ambênthing | miyos ingajak sampak ||

22. gêcul patut wong

--- 168 ---

dhugal prak ati | wong dêladag pilih angon prênah | sigêgên ing pamoncère | malih ingkang winuwus | Sêpêtmadu Wilaja mijil | ingutus Sri Wanodya | mring rinta sang bagus | tênapi mring Menak Koncar | paring dhahar dhêdharan gantyan burat mrik | kampuh sapêngadêgnya ||

23. wus tinampèn sinunggun ingkêng sih | Menak Koncar lan atmajèng Tuban | marwata suta ing tyase | tan kanwarnakawarna. ing dalu | enjing nuju dina Rêspati | miyos sang prabu rara | siniwèng wadyagung | mêgêp anèng siti bêntar | pan kasongan witana adi rinukmi | pinrak dhêdhampar dênta ||

24. kang nèng ngarsa Rêtna Rarasati | lawan Citrawati Citrasmara | Dyah Widawati jajare | Widasmara sumambung | de warnanên ing pôncaniti | risang rêkyana patya | kang putra sumambung | Dyan Kumitir Layangseta | sinambungan si Radyan Arya Sêsimping | lan Rôngga Minangsraya ||

25. atênapi Ki Menak Giyanti | sinambungan Radyan Menak Koncar | atmajèng Tuban jajare | pêpak para tumênggung | para menak rôngga ngabèi | sêdaya tan winarna | ajêjêl supênuh | lir sêgara gêni sinang | pirang-pirang wadya bala Maospait | èbêk tanpa wilangan ||

26. kyana patih ngandikan wus prapti | ing sitinggil sumiwèng ngarsendra | prabu rara ngandikalon | hèh bapa karsaningsun | lumrahêna kawula mami | kabèh wong Majalêngka | si yumbaran ingsun | sapa wonge ingkang bisa | amatèni si Menakjingga sayêkti | kasrah ing Majalêngka ||

27. jumênênga narendra linuwih | amêngku rat ing sanungsa Jawa | lah poma aja nampik wong | anom sênadyan sêpuh | kumbah krakah cukil andulit | wong pidak pêdarakan | iya madêg ratu | sok si dhasar matènana | Mênakjingga gêgêdhêg sukrêring bumi | lah mara undhangêna ||

28. matur sandika saha wotsari | Adipati Lugêndèr gya mêsat | mring paglaran ngundhangake | ing si yumbaranipun | risang maha narendra putri |

--- 169 ---

wadya saur kukila | tan ana kêng sanggup | amêjahi Menakjingga | pra nararya niyaka bupati mantri | samya atur têtêkan ||

29. kang sawênèh ngaturkên lêlinggih | ana ngaturkên kêndhaga bawat | sawênèh songsong lantene | midrê undhangnya umung | agêng alit asaur pêksi | ajrih mring Menakjingga | tan ana kêng sanggup | tênapi Dyan Menak Koncar | dangu dènnya tumungkul ing manah kingkin | suka ngaturkên jôngga ||

30. sang apatih minggah ing sitinggil | sampun katur ature sang bala | prabu rara èmêng tyase | paran wêkasanipun | Sang Yyang Tanpauna kang titis | jêngkar sang prabu rara | kondur angêdhatun | tansah manamur sungkawa | bêbêdhayan kang gêndhing munya ngrêrangin | nanging mêksa kawêntar ||

31. tandya minggah ing sanggar panêpi | ngobong mênyan saêndhasing gajah | sumyuk mring Suralayane | tandya Yyang Nrada tumrun | mendhak medhok ngigêl gumya blik | jumênêng anèng ngarsa- | nira nata matur | hong risang Yyang Siwahboja | yyang nir dahna pinara sêbda drêmadi | surup nata priyôngga ||

32. hong Yyang Mulya carik nagra widi | jawabira Sang Yyang Panji Nrada | hong sirantuna yagyèngyogyèng. ngong | sahasah migêna trus | namunana sidhêm-sidhêm mrik | hèh kêkasihing Sukmana |Lebih satu suku kata: hèh kêkasihing sukma. paran rèh manêkung | juwata ing Suralaya | kagegeran rèh gora kagiri-giri | kêna pêngaribawa ||

33. blêgêdaba ambèr dadya agni | kocak-kacik ing Côndragumuka | kawah gumlêdhug syarane | kgonjinggonjing. marcukundha rug | Ôntaboga mangrik kumitir | panangponang (dan di tempat lain). sapi gumarang | ngalang-alingngolang-aling. bênguh | agawe rusaking jagat | nini prabu yèn sira sungkawèng galih | ing syarga kagegeran ||

34. timbalane Yyang Guru Pramèsthi | luwarana ing tyas kang ruditya | kêkasihing Yyang Sukmanon | apa kêng sira jaluk | umatura marang ing mami | yya gawe gara-gara | babo yugyèng ulun | ya ta risang prabu rara | tandya matur saha sêmbah prabu dèwi |

--- 170 ---

he Sang Yyang Manikmaya ||

35. wêcanana dasih kang kasyasih | wontên pundi Sang Yyang Tanpauna | Yyang Panji Nrada dêlinge | hèh babo yogyèng ulun | sapa wonge ingkang matèni | marang si Menakjingga | iku nini ratu | sêjatine Tanpauna | kêkasihing juwata ingkang linuwih | matur sang prabu rara ||

36. wêcakêna samêlok kêng dasih | keron budi bawur kêng pratingkah | Yyang Panji Nrada sêbdane | Tanpauna wus tumrun | anèng nagrènira ni putri | iya si Tanpauna | hyi Damarsantun |Kurang satu suku kata: iya Damarsantun. gya mêsat Yyang Manikmaya | prabu rara sêkala asrêp ing galih | miyos sangking pamujan ||

54. Mijil

1. kang winarna Dèwi Rarasati | lawan para sinom | namur brôngta amrih ing lêjare | gustènira sang prabu dèwi |Kurang satu suku kata: gustènira sang aprabu dèwi. akêsukan gêndhing | sagung para arum ||

2. myang bêdhayan tênapi sarimpi | arum kang lêlagon | anèng tratag ing prabayêksaneprabayasane. | wênèh catur ana ingkang cuki | satêngah ngrarêpi | kêkawi mangidung ||

3. Rarasati anylêmpung mangrawit | Sêkati sang sinom | ngasih-asih sang dyah panggêndère | Citrasmara mangrêbab winangsis | Sang Dyah Citrawati | pangêndhange baut ||

4. Widasmara gambang gôngsa asri | Widawati kaot | nabuh dêmung anyênyêt syarane | pra biya samya amanjaki |Kurang satu suku kata: pra biyada samya amanjaki. pinyarsa mangrangin | Sêpêtmadu juru ||

5. lagon muluk sinawung ing gêndhing | rarase wèh wirong | lir mangalap jiwa sing arume | rêbut manis sênsaya milêtsih | sêmbada ingèksi | lan bêdhayanipun ||

6. lir kayanganirèng widadari | jroning kang kêdhaton | angêntèni kang para sarine | manuhara mangracak winasis | rambah-rambah asri | sri mangembahing kung ||

7. dungkap sirêp jalma ingkang wanci | suwancine tumon | lir kinenyutkinênyut. ing dri rêsêpe |Kurang satu suku kata: lir kinênyut ing driya rêsêpe. keron mulat tambuh kang pinilih | samya ayu luwih | ing niskara baut ||

8. gambuh angrèhing sasolah [saso...]

--- 171 ---

[...lah] liring | pasrangkara tinon | angrampung sêkalir karyane |Kurang satu suku kata: angrampungi sêkalir karyane. kawuryan wimbuh sajroning puri | lêng ngêse mênuhi | lir kasyargan tumrun ||

9. gya kêsaru sang aprabu murti | rawuh ing kêdhaton | suka mulat ing pra dyah sukane | ri sampunnya umarsèng ngarsaji | sang dewatèng murti | animbali gupuh ||

10. sang apatih praptèng sripênganti | prabu ruming sinom | paring sastra tiningkêm dhawuhe | mring sira sang rêkyana patih |Kurang satu suku kata: mring sira sang rêkyana apatih. wus binêkta mijil | mring ni Sêdmadu ||Kurang satu suku kata: mring Ni Sêpêdmadu.

11. lan Wilaja praptèng sripênganti | kya patih ngrêpa nor | wus tinampèn sêstra sinukmage | bukaning srat sira bapa patih | ngupayoa aglis | sarating apupuh ||

12. srêranane nagri Maospait | sayêktènira wong | ingkang aran Dyan Damarwulane | koma-koma bapa dèn kêpanggih | yèn ngluputi pêsthi | sira ingsun lungsur ||

13. titi punang surasaning tulis | kya patih ing batos | sakêlangkung kumêpyur raose | tansah wagugên tan kêna angling | sapandurat dening | konjêm atumungkul ||

14. têka kathah kang krêrasèng ati | awusana alon | kyana patih sandika ature | angupaya kêng ran Damarsasi | Sêpêtmadu tuwin | Wilaja mêsat wus ||

15. datan lingên kang lumêbèng puri | ya ta winiraos | kyana patih mantuk mring wismane | tansah gunêm lan kang pramèsyari | Dyan Seta Kumitir | tinimbalan rawuh ||

16. kyana patih angandika aris | adhuh putraningong | mau ingsun ngandikan wiyose | sinung surat kinèn angulati | srananing nagari | kang ran Damarsantun ||

17. têka nora kêduga ing ati | karsane sang katong | tan ana ran Damarwulan manèh | liya ingkang sun kunjara yêkti | pan cinêtha dadi | sarate ing mungsuh ||

18. apa sarat pinapakkên jurit | apa ta linayon | apa arsa kinraman jatine | marma sira ingsun undang sami | apêtêng kang ati | marase kagugu ||

19. timbalane sang narendra [na...]

--- 172 ---

[...rendra] putri | yèn tan panggih kang wong | nora wurung linungsur sun anggèr | Layangseta umatur wotsari | èwitèwêt. kula dugi | ing nalar tan têpung ||

20. yèn pinriha dadi jatukrami | nglêngkara panang wong | nampik Menakjingga wusanane | palakrama angsal Damarsasi | nampik macan gudhig | milih kucing kuru ||

21. mênggrik-mênggrik agrêringagêring (dan di tempat lain). tur mêngi | mokal sang lir sinom | ratu punjul ing sama-samane | aduparaandupara. rèh kanisthan pinrih | klampahana dadi | jatukramanipun ||

22. Menakjingga datan wurung prapti | angrusak bêboyong | lah ta sintên kang dèn andêlake | punapa pun kucing grêring mêngi | otote rong dhuwit | pilêrên tur kuru ||

23. klar amêngsah Sindura Dipati | sêprandene layon | kawidibyankawidigbyan. prakosèng jurite | têguh sudira tur gêng ainggil | agagah sinêkti | sêprandene lampus ||

24. miwah risang Adipati Tubin | asurèng palugon | sêkti guna wêweka gêlare | gung prabawa sinihan dewadi | prandene ngêmasi | tan nêdhasi pupuh ||

25. upaminta Damarwulan dadi | saratisarating. palugon | kinèn mapak mring Menakjinggane | yèn boloa balane dèn suprih | sêktia kang sêkti | ana kang tinêmu ||

26. Menakjingga têguh tur sinêkti | sudibyèng palugon | sugih bala wignya ngangsahake | gêlar dana siasat mamrêsih | labuh marang dasih | ing sabumi punjul ||

27. Dyan Kumitir umatur wotsari | ing panduganingong | bilih srana-srana sêjatine | pan pinundhut ingkang pati urip | tan malih kinardi | kêjawi linampus ||

28. kyana patih ing tyas tan nêpungi | pramèsyari alon | aturira dhatêng ing kakunge | nadyan kinèn mapaga ngajurit | myang kêng pati urip | pinundhuta patut ||

29. kinaryaa ingkang jatukrami | ing sakarsa dados | ing rèh abdi-abdi sayêktine | barongborong. punapa sang prabu dèwi | ing sakarsa dadi | mring wangwong.

--- 173 ---

Majalangu ||

30. yogi sinaoskên Damarsasi | mring sang prabu sinom | yèn ta sampun myarsa sêjatine | Damarwulan kinunjara uni | wangsul yèn ngikibi | tan eca ing kayun ||

31. kyana patih angandika aris | ya bênrê rèningong | darbe apa kawulaning rajèng | yayi nadyan pati urip mami | ing sakarsa aji | pinundhuta katur ||

32. sarêng matur Dyan Seta Kumitir | lêrês sudarmèngong | dêdimène ing têmbe pinatèn | nadyan sarat srêrananing jurit | yya liyan nangani | ngamungêna ingsun ||

33. pan sêdalu dènnya gunêm pikir | enjing winiraos | pramèsyari gya dinuta age | kinèn angluwari Damarsasi | myang putranya èstri | kang tansah kasyayun ||

34. kawarnaa kang anèng piranti | Anjasmara kaot | wus narima ing dewa pandume | tur jinarag nadyan pati urip | yèn tunggil dyan mantri | dadya rênanipun ||

35. sang akalih anèng ing piranti | amawi kêbkong |Kurang satu suku kata: amawi kêkobong. pan tinundha sêkawan langsene | lungsir cêmêng lungsir bang myang kuning | ing jro lungsir putih | jro pisan jinêm rum ||

36. pêsareanira apêsagi | pelag lamun tinon | apan sampun sêmadya candrane | dènnya kinunjara sang akalih | pêngraosing kapti | pan lagya sêdalu ||

37. tansah lêlendheyan sang lir Ratih | pangkyane sang anom | maos kawin Wiwaha kalane | Mentaraga anèng ing syargadi | têtkala liron sih | lan Supraba ngungrum ||

38. adi-adi adining mêmanis | manise kêlangon | anglangêni wulangun ing tyase | kang trêkadhang maos Rama kawin | duk putri Mantili | dirja linarungrum ||

39. ing sang RogasutaRagusuta. ing jinêmrik | syararum wèh wirong | kadya suling barung ing kalane | pagut manyura manis dumêling | urup lawan liring | solahing pangidung ||

40. pinênciran mangincanging alis | lir ngalap yusyèng wong | atênapi manise lakine | nuju kêpranan sinêdyèng galih | kèwêse ngrontog sih | kongas waja gumyur ||

--- 174 ---

41. deya nyawor sinukmèng ing tulis | kadya muksyèng ngênggon | lir kahana-hana samêloke | radyan mantri ing tyas cilik wukir | mawang mangras mor sih | abarungan kidung ||

42. ni mban inya tansah marbês mili | lir satêngah layon | nging yèn mirsa ing gusti syarane | pan sêkala tuwuk tanpa bukti | marêm tanpa guling | tyas narimèng sukur ||

43. Ginggongnaya tan pêgat anangis | tansah garong-garong | yèn wus mênêng sira pênangise | atêmbangan bosên nêmbang puji | tôngga golong mênir | cam terong bil cabuk ||

44. hèh juwata ingkang mugi-mugi | yèn titahe layon | yya pinêndhêm ing kuburan gêdhe | pinêtaka ing pasar kang dasih | dimèn aja wêdi | akathah wong langkung ||

45. Sêbdapalon ngantuk sarwi nangis | umbêlira molor | amor lan luh kumrumpyung lalêre | lambe kandêl kabêntus mawanti | tinon apan malik | nangis sênggruk-sênggruk ||

46. tan lyan ingkang sinambêt ing tangis | mung kuthuke trondhol | nèng gêdhogan yèn kurang pangane | tansah matur ing dewa luwih |Kurang satu suku kata: tansah matur ing dewa kang luwih. hèh Yyang Sukmanadi | yèn kawula lampus ||

47. dasih titip pitik trondhol siji | juwata yya ngantos | kêkirangan pangan pêsabane | sarta sampun sinikarèng jalmi | yèn tan krana bêcik | pamintaning ulun ||

48. ri sêksana pramèsyari prapti | ingiring panang wong | Anjasmara tandya nyapa age | iku sapa wong gumrudug prapti | aparsa matèni | mring Dyan Damarsantun ||

49. yêkti ingsun nora bisa kari | tan wurung sêlayon | ingkang ibu duk myarsèng syarane | putra sang dyah angrês ngrontog galih | waspanira mijil | kandhohane wuyung ||

55. Asmaradana

1. sang pramèsyari nêbdaris | ingsun wong atuwanira | angluwari ing siranggèr | lawan si Damar Sêsôngka | wus padha ingapura | gumêndhèng sang dyah umatur | kawula tan arsa luwar ||

2. miwah Radyan Damarsasi | dahat kawula tan suka | yèn tan angsal janji ingong | lawan jêng rama priyôngga | ing mangke aturana |

--- 175 ---

rama mring kunjaran gupuh | punika kawula arsa ||

3. mijil sangking ing piranti | yèn jêng rama datan arsa | yêkti lumuh luwar ingong | nadyan ta wêwindonana | gugrag anèng kunjara | lan kakang mas sang binagus | sun sêdya tunggil kunarpa ||

4. ya ta sang rêkyana patih | ingaturan sampun prapta | ing kunjran alon wuwuse | dhenok-dhenok Anjasmara | babo sira mêtua | sêdene Ki Damarsantun | wis padha ingsun ngapura ||

5. wus sinorog ponang kunci | kori binuka sing jaba | kya patih sêbdaniralon | babo wis padha mêtua | aja sumêlang driya | Sang Dyah Anjasmara matur | rama kawula tan arsa ||

6. yèn panduka datan apti | angambiangambil. mantu priyôngga | mring kakang mas sang wiranom | sarta ingkang lulus rila | rama mring awak mara | dhaup lawan sang binagus | satriya ing Paluhamba ||

7. yèn tan arsa ananggupi | kula rama datan arsa | mêdal sangking kunjarane | ing gêsang tumêkèng pêjah | narima nèng kunjaran | dadosa dhog amun-amun | tan grantês raosing driya ||

8. puluh-puluh sun labuhi | rama jrê kawula trêsna | mring mantu panduka radèn | angling sang rêkyana patya | ing tyas kadya sinêndhal | iya babo putraningsun | sira Ki Damar Sêsôngka ||

9. têtêpa salaki rabi | arènira Anjasmara | kasraha mring sira dadènradèn. | suka lila ing sakarsa | sajroning madyapada | ing ariloka dèn rawuh | atas dadi kramanira ||

10. matur nuwun radyan mantri | kapundhi kalingga murda | ing sih panduka wiyose | umatur Sang Anjasmara | hngihinggih. punika rama |Kurang satu suku kata: inggih punika rama. nguni ing mangke ngong suwun | dadosa kang jatukrama ||

11. sudarma arum kang dêling | dhenok-dhenok Anjasmara | wis mêtua sira anggèr | babo lawan lakènira | aja akèh rinasa | dèn narima ing Sukmagung | ing pangrèh tan pilih marga ||

12. sêdene sira ki mantri | aran uwis kêlampahan | sira ingsun mantu dhewe | apakramaapikrama. padha sanak | nalar kang wus kaliwat | yya

--- 176 ---

rinasa pinrih dudu | boronga payyangSang Hyang. Pratingkah ||

13. kuwasa apa ing mami | drêma kinarya jalaran | pan wus untungira dhewe | umatur Radyan Sêsôngka | sadèrèng sêsampunya | tan mawi grantêngrantês. salugut | wus atasing sukmanôngsa ||

14. Sêbdapalon umuk ta ngling | ki patih putih ing jaba | ing jrêrojêro. wêdêlan wutoh | abangrêabangêr. biru amangkak | jujur masin kang manah | jaile anurut wulu | amrih rusaking manungsa ||

15. tan wruh brubiksadrubiksa. momori | ngampung marang kajuwatan | sumia-sia tibane | upama karsaning dewa | agawe lara mulya | sêpi pamrihing tuwuh |Kurang satu suku kata: sêpi pamrihing tumuwuh. tan kêcakra dene purwa ||

16. rèh panduka sang apatih | kêcinakacihna. ing solah netya | nênggih sadina-dinane | radyan pinrih kang tan arja | saya kalunta-lunta | awit sangking sang pukulun | gêlar karya kêpanasan ||

17. ngundingudi. dènnya amrih sisip | patambuh ing kautaman | patih duk myarsèng dêlinge | Sêbdapalon ngundhamana | merang namur wêdaka | Nayaginggong cêluk-cêluk | wuwuse awor karuna ||

18. kya patih uculna mami | bok sampun kaliwat-liwat | anganiaya maringong | lali têmên marang sanak | sagêgêm sauwuran | sun uga sêntananipun | bok sampun sawênang-wênang ||

19. tur jatine wong aurip | gêdhe cilik nora beda | kang beda mung drêrajate | drêrajat iku nugraha | sinilih dene dewa | kinèn amarna ing pandum | nyantosani ing raharja ||

20. ing rèh jumênêng lan puji | yyang juwata ingkang mulya | jatine tan ngraosake | patikbra rêkyana patya | ing purwa ana apa | saiki apa tinêmu | basakna wong Majalêngka ||

21. gunane bisa miwiti | polah kêng pênggawe salah | tur uga pinurba dhewe | wêkasan sendhe ing dewa | lah iku basa apa | ampungane wong kalurung | sasolah drêma kewala ||

22. drêmane wong darbe apti | nututi nalar kaliwat | pêsambataning

--- 177 ---

dewane | ing nguni sangking panduka | wong bêcik pinrih ala | amêmirang tanpa nganggur | siya-siya ing sêsama ||

23. katêmbe ingsun miyarsi | anak kapunakanira | kinèn ngariti kudane | tur sinung arite timah | puniku dènaritna | gulune wong Majalangu | sayêkti môngsa têdhasa ||

24. kya patih merang kêpati | kathah kang krêrasèng manah | gya lumêbèng kunjarane | lawan ingkang pramèsyara | sang kalih èsmu waspa | mangrêpa nor Damarsantun | miwah Rêtna Anjasmara ||

25. wus samya kinanthi mijil | luwar sangking pakunjaran | atênapi parêpate | apan sampun linuwaran | ni inya lan ni êmban | samya linuwaran sampun | suka sagunging tumingal ||

26. kondur mring dalêm wus prapti | wus samya atata lênggah | kyana patih lan garwane | dyan mantri lan Anjasmara | lir mimi lan mintuna | kaya tan bênggang srêrambut | singa dulu lêlêng brôngta ||

27. tan lyan ingkang dèn tingali | anjomblong cèthi pawongan | kumêdhèp têsmak netrane | yèn nuju Sang Anjasmara | pagut liring lan raka | èsmu mèsêm gêtir juruh | aprana datan kawêdhar ||

28. yayah rena sang apatih | rukun rumakêt mrih suka | sumrasah ing sêbda sumèh | riwusnya tata alênggah | rêkyana patih nêbda | mring atmaja sang binagus | lah ta kaki wruhanira ||

29. yèn ing mêngko karsa mami | iya ing benjang paseban | sun gawa seba siranggèr | babo marang pagêlaran | dene ta karsaning sang | maha sang jêng ratu ayu | kang dhumawuh marang ingwang ||

30. ingsun kinèn angulari | mring wong aran Damarwulan | tan lyan amung sira anggèr | kinarya sarating aprang | radyan matur wotsêkar | ing sakarsa sang pukulun | kawula datan lênggana ||

31. anjasmara awotsari | matur ring rama mangrêpa | sarat punapa jatine | dene ta amilih nama | Radyan Damar Sasôngka | kyana patih sêbdanyarum | tanbuh karsane sang nata ||

32. mênawa ingadu jurit | amapak si Menakjingga | Anjasmara rum ature | saklangkung anganiaya |

--- 178 ---

yèn radyan dèn lurugna | dene wong papa kasyayun | tan darbe bala sausap ||

33. durung mukti durung singgih | wusana tumêkèng tiwas | rama kados pundi ingong | tan wurung abela pêjah | ulun tan sagêt pisah | Radyan Sêsôngka sumambung | radèn ayu dèn prêcaya ||

34. borong punapa ing gusti | sakarsa sampun lênggana | mokal pinriha tiwase | atas kawulaning raja | sagung wong Majalêngka | lumaku lawan pituduh | sumarah ing Sukmanôngsa ||

35. angandika sang apatih | dhenok bênrê lakènira | dèn prêcaya ing dewane | sarya dèn mèstutèng driya | sakarsaning narendra | ing samobah mosiknya wus | winawrat lawan upama ||

36. tinimbang-timbang ing budi | dènnya mrih mulyaning wadya | borong apa ing karsane | maha sang prabu wanodya | kinarilan ing dewa | pinuja ing bumi kasupkasub. | sinotya ing nungsa Jawa ||

37. aja lênggana ing kapti | babo-babo putraningwang | prakara lakimu anggèr | matur Rêtna Anjasmara | pantêse mantuwan |Kurang satu suku kata: pantêse mantu tuwan. wusana kêna ing ingapus |Lebih satu suku kata: wusana kêna ing apus. pinaekan dening gêlar ||

38. jrê sagung wong Majapahit | tan wontên rêmên satunggal | mring mantu panduka radèn | tênapi pun kakang-kakang | sêjatine tan rêmbag | radyan lan kawula dhaup | mila tan eca ing manah ||

39. ngusap jaja kyana patih | sêbdanira angrarêpa | dhenok yya akèh rinaos | si Kumitir Layangseta | kapurba ing manira | ingsun tingalana masku | dèn ngandêl yèn Sukmanôngsa ||

40. Anjasmara matur aris | inggih sumôngga sakarsa | nanging ta panuwun ingong | rama ingkang lulus lana | asrah mring Dyan Sêsôngka | sarta aksama dèn agung | ngawruhana punggung mudha ||

41. kawula titip sayêkti | rama mring mantu panduka | yya ngantos risak manahe | pintên-pintên darbe atma | mantu putraning uwa | tur dhaup padha sadulur | pêthuk pikir galong manah ||

42. èsmu mèsêm radyan mantri | sinamun liringing netya | kya patih sêbdaniralon | dhenok-dhenok Anjasmara |

--- 179 ---

yya pindho gawe nyawa | dèn prêcaya marang ingsun | bènèh mêngko lan ing kuna ||

43. dene saikine gusti | iya Ki Damar Sêsôngka | dhasar putraningsun dhewe | pindho dadi kramanira | babo pirang prakara | yèn tan supriha rahayu | sukur-sukur putraningwang ||

44. kênaa ingsun aubi | mukti anèng Majalêngka | dèn sihana ing dewane | ingsun wus tuwuk wibawa | tan liwat amung sira | sun pêpinta ing dewagung | pan ing têmbe ngakirira ||

45. kênoa ingsun ngèngèri | ing sasanak-sanakira | babo amung sira anggèr | ing timur têkèng diwasa | sun kudang-kudang nyawa | dadia pangungsèn agung | jinurunga ing juwata ||

46. matur nuwun sang lir Ratih | radyan mangênorkên raga | kya patih arum dêlinge | lah ta dhenok Anjasmara | babo sira kondura | sarimbit kêlawan kakung | dèn eca ing manahira ||

47. sang dyah lan radyan minantri | wus lèngsèr sangking ing ngarsa | akarya brangtaning tumon | kondur dhatêng dalêmira | ing mandemade. kubon sêkar | samarga sang dyah sinambut | pratistha anèng êmbanan ||

48. gêntya winuwusa malih | Radyan Arya Menak Koncar | saklangkung sangêt gêrahe | tan ana jampi tumama | tansah mujung nèng tilam | lamun karaos ing dalu | kadya tan mênangi siyang ||

49. yèn siyang tan têkèng latri | sing sangêting panang grêrah | tansah kang dèn amèkake | amung sang atmajèng Tuban | Dyan Buntaran Watangan | wus katur mring sang dyah prabu | Menak Koncar nandhang grêrah ||

50. ing dalu Sang Banowati | tanapi Sang Dyah Sêkatya | kinèn tuwi mring kuwone | myang Sêpêtmadu Wilaja | ya ta sang pramèsyara | lan atmaja sang lir santun | mêgêp anitih jêmpana ||

51. singgahane ambarangin | miyos dhatêng katubanan | datan kawarna lampahe | sêmana Dyan Menak Koncar | datansah tinangisan | ing arinta kalihipun | myang pra garwa roning kamal ||

56. Sinom

1. Radyan Buntaran Watangan | nèng dagan pan èsmu tangis | prituwin Ki Gathul Dêmang | apêtêng

--- 180 ---

rasaning ati | kêsaru ingkang prapti | Banowati lan sang ingrum | Sang Dyah Rêtna Sêkatya | têdhak ing natar lurmarislumaris. | Dyah Kalpikaningsih lan Kalpikawatya ||

2. mêthuk anèng pêlataran | myang pra garwa para gundhik | Radyan Buntaran Watangan | tan kenging pisah dyan mantri | tan lyan sinambat ing sih | amung ari kalihipun | gêpah sang pramèsyara | miwah Sang Rêtna Sêkati | amarpêki mring Dyan Arya Menak Koncar ||

3. laju minggah ing paprêman | pramèsyara Banowati | winanti winayang-wayang | winungu rahadyan mantri | Menak Koncar sun prapti | lan rinta Sêkati rawuh | dingarèn putraningwang | têka apês nandhang sakit | Menak Koncar dangu tansah pinêtêkan ||

4. tan mosik datan subawa | nglayung ujyalanya kèksi | napasira mêgap-mêgap | winungu-wungu tan mosik | ya ta sang pramèsyari | iya ketang trêsnanipun | andrês mijil kang waspa | pra garwa sênsaya nangis | Dyah Sêkati ngandika mring Dyan Buntaran ||

5. nimas ika lara apa | kangmas arya kang suwadi | dene ta kaliwat-liwat | sangête kang ponang sakit | radyan matur wotsari | ing nguni saunduripun | sowan sangking paglaran | witing kraos ingkang sakit | ulun matur sêbdane wus timur mila ||

6. gadhah sakit sur aprana | asring arsa miyatani | nanging ingkang kina-kina | datan kadya sapuniki | kabubuh mêntas jurit | tuwuk kambon biring busur | dhapur grêrah konduran | sang dyah sru angrês kang galih | myarsèng sêbda sêkala mijil kang waspa ||

7. dyan arya awas tumingal | duk ngliring sang mindha Ratih | ing manah kadya sinêndhal | lir mati sajroning urip | ya ta sang pramèsyari | radyan sinuryan ing sangku | sarya winungu wantya | Menak Koncar nora mosik | Dyah Kalpikaningsih Dyah Kalpikawatya ||

8. tandya minggah ing paprêman | ingkang raka dèn sungkêmi | sêsambate amlasarsa | kangmas arya aja lalis | ingsun tan bisa kari | kakang aku milu lampus | dyan kalih èsmu waspa | Buntaran [Bunta...]

--- 181 ---

[...ran] Watangan sami | mulat sang dyah sambate angrèndèng manah ||

9. saya tan kêna tinambak | sêksana anulya mijil | dyan kakihkalih. sinambat ing tyas | tan lyan Sang Kalpikawati | miwah Kalpikaningsih | wong ayu aja amuwun | yèn balut tingalira | sapa baya kang nêmpuhi | Dyah Sêkati tansah nungkêmi dyan arya ||

10. saklangkung marwata suta | Dyan Menak Koncar ing galih | alon dènira alihan | sarya dhahamira ririh | sarêng wêntis gumuling | dhumawah ing pangkyanipun | Sang Dyah Rêtna Sêkatya | gêpah dènira nginggati | gya tumurun sang dyah sangking pêsarean ||

11. wurcitanirèng wrêdaya | basakna ing wong asakit | pênglilire mambu manah | sumlang animpahi wêntis | winêngkang saya mipit | maras-maras atèningsun | rusak daganganingwang | yèn wudhu sapa tinagih | tanpa aji sisane si Yuyu Kangkang ||

12. èsmu angawrati tingal | nanging tansah mandêng liring | gêthing trêsna awor maras | pangunadikaning galih | nora amêsajani | liyêping netra gumagus | ujare kapidhara | sasolah ngêtutkên liring | sun bênggangi dene ta nora alihan ||

13. nanging ta sun rasa manah | yèn yêktia ingkang sakit | wusanane têkèng pêjah | sun kelangan kadang yêkti | sang dyah gya minggah malih | paprêman èsmu pitambuh | sarya alêlendhotan | ing Sang Dyah Kalpikaningsih | maju mundur ing manah kabyatan trêsna ||

14. dyan arya suka ing manah | ningali sang mindha Ratih | merang sinamun ing netya | pangudasmaraning galih | lawe pênyandhêt wajik | yayi rada kêna ngapus | parikan gênthong sabrang | ruci têmên wong akuning | sun têtêdha tulusa asih wong brôngta ||

15. yèn sun sawang warna dika | sajagat tan antuk tandhing | èsême asor Supraba | yèn ngandika kadi Ratih | lêlakone wong kuning | yang yang Wilutama tumrun | nonah rapêni Tuban | ayam irêng mubal putih | mung ayune dadya pênulak prêlaya ||pralaya (dan di tempat lain).

--- 182 ---

16. kêlabang sinandhung muncar | buron kali môngsa jalmi | baya rêna sira dewa | ing têmbe sun srênggarani | bok aja nganggo wadi | mring kadange brôngta wuyung | senthe jurang ngayangan | sêdhêngan wayah cumulik | padha mêngko kêjarah dene andika ||

17. baita kaisèn toya | kukus gunung sun wêstani | kinapakna ingsun mirah | labête kèrêm wong kuning | pun kakang èstu lalis | yèn tan gêpok senggol masku | aja rasa rumôngsa | atêtinjo wong asakit | radyan arya ing manah datan srêranta ||

18. aja ewuha ing tindak | sarta ajrih ingkang bibi | kaya rinangkul-rangkula | sêkala tumêkèng rêsmi | alon nglilir dyan mantri | apan èsmu pungun-pungun | mulat ing nglenasyara | sêdya têdhak sing jinêm mrik | kadya sata kênèng pilis solahira ||

19. ringik-ringik minta gantyan | ing rayi Kalpikawati | sarya ngrangkul api ora | mèh kliru ing Dyah Sêkati | sang rêtna anginggati | têdhak sangking tilam arum | Dyan Arya Menak Koncar | ngadhuh ngêsês sambat mati | trêrantanan gya tumrun sing pêsarean ||

20. ya ta sira pramèsyara | saklangkung dènnya lulut sih | mring putra Dyan Menak Koncar | wus tata lênggahnya sami | Sang Dyah Rêtna Sêkati | anèng keringnya kang ibu | Sang Dyah Kalpikawatya | Kalpikaningsih jagani | ing rakamta lênggah bukuh anèng ngarsa ||

21. kang winawang amung Sang Dyah | Sêkati rinungrum galih | mas mirahe wong Lumajang | kang akarya lara brangti | benjang punapa gusti | asung jampi wong kêlurung | pun kakang sida edan | klawan sintên têkèng rêsmi | mung anune gêgawe anu wongngong. brôngta ||

22. tambak gung kang sanagaran | bara-bara kusumadi | panggih lawan Menak Koncar | kang duwe rasaning ati | tawon gung tala siti | suwadine nora katur | kadang katut sing garwa | nora dipe wong akuning | sun wêtara

--- 183 ---

ing galih sampun wuninga ||

23. bakung bang awoh bandhoga | sampun ganas wong ajait | duka dhumatêng pun kakang | kapithing kang saba tasik | rakamta wong abênthing | kêdah-kêdah kapiluyu | kang abdi ngèstu pada | cêcawu kang nusuh siti | kawulane baya dinalih punapa ||

24. suwe nèng ngarsaning rena | lathinya pating kajuwit | Radyan Arya Menak Koncar | tan lyan sinambêr ing liring | mung Dyah Rêtna Sêkati | kabêlêt ing manah wuyung | mèsêm sinamur mulat | ngêsas-ngêsês nganan-ngering | pungun-pungun grêrahe kinarya-karya ||

25. ri sampunnya angrarêpa | umatur saha wotsari | minta-minta pangaksama | ing rena Sang Banowati | radyan atmajèng Tubin | sumiwèng wus praptèng ngayun | dyan tiga mèstu deya | ing ibu sang pramèswari | radyan arya tambuh solah liringira ||

26. sandi lungiding ujyala | noragèng sumiwèng ngarsi | lan radyan atmajèng Tuban | Dyah Watya Kalpikaningsih | Dyan Arya sinung aglis | gantèn ing rena agupuh | tinampèn tandya mucang | lurah pawongan kêkalih | langkung dènnya awlas mring Dyan Menak Koncar ||

27. Ni Sêpêtmadu Wilaja | prana dènnya nukmèng liring | mring radyan katiga pisan | sasolahbawanya sami | Dyan Arya Jungkarangin | lirike sinêdyèng kayun | namung Sang Dyah Sêkatya | tan môntra wong lagya sakit | langkung bingar jyala lir sêkar sêtaman ||

28. dene Rahadyan Buntaran | Watangan kilat ing liring | tan kênyanan ing lyan mulat | nanging ta amiyatani | mring Dyah Kalpikawati | Kalpikaningsih sang ingrum | samya sawang-sinawang | colong-cinolong ing liring | lamun pagut sarêng tumungkul ing jôngga ||

29. Kusuma Rêtna Sêkatya | datan nglêgewa ing galih | kêna gêlaring wong brôngta | kang sangêt mangluh dènnya gring | dene kang para rabi | miwah para sêliripun | kamitênggêngên mulat | mring Sang

--- 184 ---

Dyah Rêtna Sêkati | iki si wong ratuning ayu utama ||

30. ratune ing luwês raras | pêsaja ratuning kuning | ratu-ratuning jêtmika | ratune wong mikat ing sih | ratune wong jukining | ratune wong gandhang luruh | ratuning kawiragan | ratu-ratuning pawèstri | pindha brôngta nglêlaga inggaring brôngta ||

31. panjang rinêngga ing papan | kang sugun sinunggun ing sih | dyan arya sampun waluya | sêmana Sang Banowati | kondur lumêbèng puri | lan putranira sang ingrum | pra garwa ing Lumajang | sêdene kang para sêlir | samya dhèrèk ing sajroning dhatulaya ||

32. tênapi wong trunalanang | kawandasa anjajari | asikêp paris lan pêdhang | siyaga arakit jurit | Radyan Buntaran tuwin | Watangan dhèrèk ing ibu | kandhêg ing sringsi. pêngantya | datan kawarna ing latri | kawuwusa enjing kang ginuladrawa ||

57. Dhandhanggula

1. ya ta sira Radyan Damarsasi | dumugi dènnya apawor raras | neng kubonsekar sang anom | lan kusumaning ayu | Anjasmara sang liring sari | biyadèng kêpatihan | wus kêpadhan lulut | tangèh rinêngga ing têmbang | adu sêmu padha krêrasa ing kapti | duk pista tuwan jendral ||

2. nênggih lawan kêpara rapêni | anyanggêmi ingkang prêjanjeyan | miwah ing kauntungane | Sêbdapalon sêklangkung | Nayaginggong rêna kêpati | pênuh punya makanan | ikan-ikan sayur | sayur apa-apa adha | kuwih-kuwih buah-buah manis-manis | jênang bêkatul banyak ||

3. myang pakean muwah kêling-kêling | kêstop baludru sup lan kaleja | sêngkêlat kêsting langkare | trasuwe dhuryas pênuh | myang hèr muslim mori cuwini | mêspurba dhidhar kasa | cindhe renda pênuh | mêski apa-apa adha | myang bênang mas tradhak arganya sêkali | momohan lurik banyak ||

4. lagi singsim batu mirah kuning |

--- 185 ---

jumrut widuri mêgori banyak | intan barlean tajuge | mêspir myang krêstal pênuh | tradhak arga mêsthika lagi | sêmoa mêski adha | lêbih kaya sunggu | sampe trak kliatan orang | gèsprêgèspêr. kancing bintang pêndingpêndhing. intên murni | myang nyamat isi salak ||

5. lagi uang brapa-brapa kêthi | kêton rupiyah myang rispis banyak | anggrisnya sumur têmpate | têmpat wang perak pênuh | dirham-dirham dinar slebari | wang merah tradhak guna | lêbih kaya sunggu | têlalu dhibuwang saja | kurang têmpat kantor gudhang lêbih isi | dhuwite wingka rolas ||

6. duk sêmana rahadyan minantri | ri sêdhêngira arsa sumewa | lumiring ing sudarmane | mêgêp busa luhur |Kurang satu suku kata: mêgêp busana luhur. lir piturun sangking syargadi | sêngsaya embah-embah | warnanya binagus | lir wulan sêdhêng purnama | nglela wênês ujyala minuni adi | adine ajuwatat ||

7. Anjasmara tansah migêna sih | gandhang cang gandêsira kongas |Kurang satu suku kata: gandhang canggah gandêsira kongas. saya rêbut gon manise | èsêmira binarung | liring kadi intên hèr thathit | kakung tansah winawang | wangwang gêtir juruh | jae bang ing kêpatihan | grêrah uyang lamun nora anyablèki | ping rolas satêngah jam ||

8. ratu wida kudhuping wratsari | wong adhandhing aja lunga-lunga | yèn binêskup ing mêmundrèng | tan wurung ingong lampus | panu biru sun tohi kanin | layar gêbang kakang mas | wong arangkung-rangkung | bisa têmên dudut manah | wong asigit pisang kara sun wêstani | grahitanên wak mara ||

9. kathah ingkang rinasa ing galih | Sang Dyah Ayu Rêtna Anjasmara | aningali ing kakunge | kuwatir nèng dêlanggung | bok ingewat mondrèng dêdungik | bêbakul sambiwara | wêlanjar ing ênu | jinanji winantya-wantya | kang mas aja salah wèngwèng anèng margi | mênawa kênèng sawan ||

10. mêngko kangmas lamun sira nangkil | aja suwe-suwe nèng

--- 186 ---

paseban | lamun kanginan baguse | suda bot-bote suku | sapa baya ingkang nglironi | dewa ing Suralaya | môngsana kêng sanggup | sun wangêni têlung êjam | nèng paseban yèn tita wis nora prapti | sun susul sira kakang ||

11. mangrêpa nor Radyan dadyan Damarsasi |Lebih dua suku kata: mangrêpa nor Radyan Damarsasi. mèsêm mangras binarung ing sêbda | nah anggèr mirah ingong |Kurang satu suku kata: nah ing anggèr mirah ingong. kang asih marang kakung | gusti sampun matwi ginalih | dasihipun Sêsôngka | tan maro mrêtêlu | nyipta ing lyan sangking dika | ulun nangkil datan dangu tandya prapti | ketang kêng sawang rêtna ||

12. sang dyah mèsêm sarya nambang liring | sêsawangan kapranan ing sêbda | ing kakung sang jayèng sinom | sasang (dan di tempat lain). dyah wuwusirarum | gêgêthingan ingsun kêpati | priya basa ing garwa | tur kaprênah sêpuh | bênrêre malah manira | ingkang nukmèng pada saha awotsari | lir nyèthi dewa mulya ||

13. têka isin arsa sun marèni | gungan tênaga mring sira kangmas | dadanan wus saradane | apuranên wong bagus | pawongane dhoso mring laki | kurang mangranupada | sêbda kumalungkung | marma tuwanku kewala | dipun agung pamêngku aksama kêng sih | mring cèthi punggung mudha ||

14. radyan mèsêm mangusyèng panêpi | sang dyah sinambut munggyèng ing pangkyan | liningling-liling dêlinge | nah anggèr mirah ingsun | wus kêpatut gusti kêng abdi | nate mangabdya pada | tur dasih satuhu | ing mangke karsa andika | kinèn aja rasa rumôngsa ing kapti | kasuwun sih andika ||

15. sapa baya gusti wong akuning | ingkang wignya angruwat tyas brôngta | sing papa cintraka wite | sumêngka ing aluhur | pamrêsing byat sinuksmèng gusti | miwah wong awibawa | sinujyèng môntra nrus | dene sang Yyang Madyabrôngta | mèstutingrèh ing sang kumaraning sari | sarining dyah triloka ||

16. kalokèngrat samendraning bumi | titahing yyang kasmayadi raras | sinih sinong susetyane |susêtyane.

--- 187 ---

lyaning panduka masku | paja-paja panjrak trus sumrik | winangkara sung rimang | embah salir juruh | adoh elok lumrangkara | rumambat sih pinudyèng kyat Maospait | nênging sang sari rêtna ||

17. wêntaring gumya prana mamrêsih | mangras winangun ngujyala raras | sang dyah lir rinontog tyase | embah-embah mangun kung | pujaning kang widrawa kèksi | Kusuma Anjasmara | supragyèng mrih tyas rum | ruming rèh sinidi brôngta | karongron sihira risang marsèng rêsmi | sumarjèng lam-lam deya ||

18. riwusnya marna ingkang lulut sih | ya ta mangke sang rêkyana patya | sowan mring pônca nitine | sêdene sang binagus | kerit dene rama sumiwi | samarga-mugasamarga-marga. gumrah | gunging wong dinulu | kagyat mulat ing rahadyan | sajêk kumlip nèng marcapada durung wrin | ing warna kadi Parta ||

19. tuwa anom miwah gêdhe cilik | eba ta umung jêjêl rantaban | èbêk margagung pênuh wong | tinarka dewa tumrun | datan lingên ucaping jalmi | ri sêdhêngnya kawarna | sang narendraning rum | mêgêp miyos siniwaka | munggèng siti inggil binaturanadibinaturatadi. | sangkêp praboning nata ||

20. pirang-pirang rêsmining nayadi | manuhara ruming rêtnanèngrat | kongas kaprêbawèng katong | èbêk paglaran pênuh | busana bra makilat thathit | teja maya sumirat | mangênyar sumuluh | lir sêgara rob bêlabar | wadyabala sêdaya wong Maospait | sumewagara gumrah ||

21. gita-gupita jawil-jinawil | wulat mawulat jêjêl mawaglarmawlagar. | panjêmendra môndra andhèr | horêg kagyat mawa glut | beda sabên-sabên gung dasih | singrêring tara sumyak | gumiwang cahyanduk | mêmanone Majalêngka | singrê sumrah inggar sumuk ing nêgari | karya pêngaribawa ||

22. kyana patih ngandikan wus prapti |

--- 188 ---

ngabyantara lir konjêm ing kisma | myang Seta Kumitir Radèn | Rôngga Minangsraya wus | Arya Simping Menak Giyanti | tuwin atmajèng Tuban | andhèr marikêlu | tênapi Dyan Menak Koncar | atap aglar pra niyaka ing ngarsaji | dhêdhêp tanpa subawa ||

23. prabu rara ngandikèsmu wingit | mring apatya kayaparan baya | ing nguni parentah ingong | sira ingsun pituduh | ngupaya wong ran Damarsasi | apa saèstu panggya | atênapi luput | paran ta ing mêngko bapa | umatura pyayama saha wotsari | risang rêkyana patya ||

24. gêtrêring tyas saklangkung dènnyajrih | gusti kasinggihan karsa tuwan | pun Damarwulan wiyose | atma kawula mantu | abdi dhusun duk anyar prapti | lakinya Anjasmara | ing mangke sang prabu | sumaos ing pagêlaran | sring wanodya duk myarsa aturing patih | kumênyut raosing tyas ||

25. maya-maya widrawa mangun sih | mantya kismèng kasrang raditya |Kurang satu suku kata: mantya kismèng kasrang ing raditya. katri môngsa upamine | siniram ing udan rum | rumêsêp sih yyang nugrajati | winahya wahyaningrat | Manikmaya tumrun | nguni marna têngahing yyang | kang pinujamôntra nagri Maospait | dumadak lumêksana ||

26. sumuking tyas angêmu mêmanis | manisira kongasing ujyala | maha sang murtining sinom | alon angandikarum | bapa patih mantonira glis | lah mara timbalana | kêng ran Damarsantun | kya patih matur sandika | saha sêmbah ngliring Dyan Seta Kumitir | dyan kalih sarêng mêsat ||

27. curiganira tansah pinipit | tingkahira gawe nulat yang yang | mênjangan kêtawang radèn | kampuh sinandhung-sandhung | koncanira nrêrampatnêrampat. siti | tumrun sing siti bêntar | sênsaya gumagus | nora pati yèn bagusa | mung bêsuse gawe ojating sêsami | dadya sêkaring praja ||

28. cingak sagung wadya ingkang nangkil | samya mulat sawêdale radyan |

--- 189 ---

Seta Kumitir cahyane | lir sêkar isthanipun | lagya nêdhêng kang wora-wari | gawok sapasewakan | dyan kalih prapta wus | ngarsaning Dyan Damarwulan | andhawuhkên kang timbalan prabu dèwi | sêndhu ing netya sêbda ||

29. Dyan Sêsôngka wus kerit dyan kalih | darmanta ngrèh ing susela krama | marwata suta ing tyase | ngrasuk pamruh ngaluhur | nanging tingal kinusyèng lungit | lênglêng ing yyang wisiksa | surasèng dewa nrus | niskala sêtya sumêtya | cahya anduk kongas ngêdusi sakalir- | ira sasasolah netya ||Lebih satu suku kata: ira sasolah netya.

30. parpat kalih amaras kêpati | bok mênawa gustine pinatyan | sing kya patih pênggawene | wantu wrangkaning ratu | misesani ing Maospait | binapa ing narendra | kêdhahar kêng atur | de nguni kêpalang driya | dènira mrih pêjah gêsange dyan mantri | tan wun ing budya arja ||

31. pinaekan sinangkan sing niti | tata tumrap wisiksaning raja | sinunduk ing purwakane | mila maras kêlangkung | sagunging wong kang samya nangkil | ing cipta warna-warna | mring Dyan Damarsantun | nêngna gupitaning manah | Dyan Sêsôngka ing ngabyantara wus prapti | lir Parta mangun brôngta ||

32. tan lyan mulat samaning kang nangkil | jalu èstri anjomblong tumingal | cêngêng lênglêng wurcitane | myang sagunging pra arum | kêng mangayab sumiwèng aji | sumiwèng ngarsa nata | akathah liripun | wênèh gigal busananya | tan krêrasa jamang sampur dèn waoni | asta tan tibèng prênah ||

33. wênèh banyak dhalang sawunggaling | wardawalika kacumas |Kurang dua suku kata: ardawalika lawan kacumas. katungkul ngumbar liringe | kêkalih manglah ngungun | pra bêdhaya pan padha brangti | manggung-manggung kasmaran | marang sang binagus | miwah radèn ayu patya | Rarasati dangu dènnya nutkên liring | ing sang lir Partasmara ||

34. ketanging tyas suselaningsusilaning (dan di tempat lain). èstri | malulu myat winaon ing tingal | lyan sing pênyalong liringe | nahan kang samya wuyung | ya ta risang narendra putri | rêtna

--- 190 ---

sêsotyaningrat | Dyah Kêncanawungu | sapraptanira Dyan Sôngka | mingkis gubah manglela gumawang kèksi | lir piturun sing syarga ||

35. tumaleram gumêbyar rêsmyadi | asor sarining wulan purnama | manoning rat kucêm kabèh | sonar yyang arka kusut | surêm mendra dene cahyati | kadya ngalapna jiwa | sagunging tumuwuh | gêtrê konjêm singa mulat | lir pinêcat yusyane kang nukmèng liring | tan wênang nuju tingal ||

36. lyanta sangking Radyan Damarsasi | sêkala pagut liringing tingal | lir panjang putra tumibèng | sumayana suh rêmpu | mawulat ing tyasira kalih | anglir tanpa jamuga | Radyan Damarsantun | sinamun ruming ujyala | nora paja-paja kawêntaring èksi | tan kênyanan lyan mulat ||

37. sakêdhap netra kêprananing sih | wus tumangkêp samir tundha sapta | prabu rara lênglêng tyase | sinudyèng rat mangrês kung | pasrangkara sêsmitèng lungit | lungide kasuselan | mahsang murtèningrum | sirna kamanungsanira | panukmèng tyas sang dyah ing Dyan Damarsasi | èstu Yyang Tanpauna ||

38. pinancêr ring kilat murub dumling | puja môntra èstuning juwata | pitung syarga kênyatane | yyang kara-kara linud | cahya mulya nuring dewadi | rênggèng asmara brôngta | ing Sang Damarsantun | sêkarêngsêkarèng. madyapadèngrat | nir sucipta niscayèng suralayadi | wijile nugra limpat ||

58. Mijil

1. ketang brangtanirèng prabu dèwi | sakênyariranon | duk ing alus pinurwèng titise | Sang Yyang Kumajaya lawan Ratih | ing sang dewa luwih | ngarca manik tumrun ||

2. sinudyèng rat iya Dèwi Ratih | ya sang prabu sinom | nguni tumawang nêngèng wiyate | lami mulat kang dadya èksi |Kurang satu suku kata: lami mulat kang dadya pangèksi. ing nalika prapti | Yyang Asmara tumrun ||

3. kilang drawa campur rasa jati | sêjatining tumon | nora samar parikaraning rèh | bawa paribawa sakirtya mrih | ing susela brangti | brangtaning wong agung ||

4. nora môntra kawêntaring liring | sinamun ing pasmon | wimbuh sinru ing sêbda wêntare |

--- 191 ---

pilih wadya ing Maospait |Kurang satu suku kata: pilih wadya nagri Maospait. wruh pasmoning osik | sêsmitaning alus ||

5. alusira kang winrat ing jisim | nugrahan umanon | lir kasmaya punika dununge | prêmana kang anèng jaja kering | bale parewarni | panglindhunganipun ||

6. gya tinampan marang Dewa Ruci | kang ngrasuk sêkaron | wadhag alus iku pênyampure | gôngsa ing tyas bisa nampik milih | puniku kêng dadi | pangruhuning laku ||

7. kêng minôngka pamolahing jisim | Rucibrôngta kaot | lir kamudhining palwa isthane | kang linakyan mobahing jasmani | uripnya sangking sih- | ira juwatagung ||

8. mila marna sêbda kang piningit | alya kumêlanjon | sampun ngantya ngupama pamane | tanpa rupa rupa kang sêjati | jatine pamuji | amrih pujènipun ||

9. pan ing mangke nugraha kang prapti | mring sang prabu sinom | saha para dewa pamarnane | solahing rèh nagri Maospait | rinênggèng palupi | linimpatkên têmbung ||

10. Dyan Sêsôngka dangu munggèng ngarsi | tansah mangrêpa nor | tan ingucap dyan panukmèng tyase | mring sang maha pustakaning rêsmi | ki rêkyana patih | jrihira kêlangkung ||

11. ginagap ing driya tan andugi | karsane sang katong | Radyan Seta Kumitir ing tyase | grahitanya sang nardpèngnarpèng. dyah runtik | tansah yitnèng wèsthi | kyat sura mapangguh ||

12. Dyan Buntaran sêdangunya ngliring | dhatêng sang wiranom | lir myat gambar winangun rahadèn | rêsêp kacaryan kasmarèng galih | iki si wong luwih | lawan ngong tumuwuh ||

13. durung mulat titahing dewadi | kadya sang wiranom | ratuning wangwong. patut satuhune | angluhuri bagus lawan sigit | mendah wus amukti | ki raka wong patut ||

14. pasêmone mantêp ing pakardi | kêdhik ing wiraos | solahnya lus netya sêbda sumèh | sun têtêdha ing Sukmana luwih | asiha ing mami | sun aku sadulur ||

15. Menak Koncar anjêngrê ningali | tansah

--- 192 ---

gawok-gawok | sun wêtara wong iki pambêke | lana ing tyas tur awani mati | cacade sawiji | kurang ototipun ||

16. tangèh lamun têdhas Menakanjing | sêmune apeloh | sun dhèdhèki mung pakulitane | lêmbut lumrê pantêse wong iki | kalis dening wêsi | sabêtane lulut ||

17. mendahane sadulure èstri | pantêse amlodong | nora kawoworan ing ayune | ayu dhasar kuning tur gumrining | gêlêm ingsun dadi | punakawanipun ||

18. kinêluhonakinêluhana. lir kêbo sapi | tan lênggana ingong | sok si dhasar kêlakona bae | nucup wong ayu lumrê jukining | iku kêng supami | dudweaduwea. sadulur ||

19. ênêngêna panggusthining kapti | ya ta sang akatong | sakêlangkung wagugên ing tyase | kewran pamurwèng wêntaring èsthi | wusana nimbali | mring ni Sêpêtmadu ||

20. lan Wilaja ingutus gya mijil | wus tundhuk sêkaron | lan Dyan Sôngka ki lurah dhawuhe | radyan katimbalan prabu dèwi | radyan tiyang pundi | ing pinangkanipun ||

21. lawan sintên ingkang ayêyogi | lan malih sang anom | pintên yusya panduka rahadèn | Dyan Sêsôngka aturnya nrêpasih | ulun tiyang sangking | dhusun purwanipun ||

22. Paluhamba dene kang yayogi | Maudara kang wong | kêng wus muksya kawula wiyose | ingêmong dene eyang sang yogi | Musthikamayadi | kasêbut bêbuyut ||

23. Paluhamba ingkang apalinggih | dene yusyaningong | mapan sampun sêlawe warsane | tandya mêsat pawongan kêkalih | aturnya wus titi | mring sang kumarèngrum ||

24. prabu rara angandika manis | èsêmira winor | yayi Rarasati sasêdyane | pan wus pira yusyanira yayi | Sang Dyah Rarasati | aturnyèsmu wuyung ||

25. yusyèng ulun kalih dasa warsi | andikaning katong | yayi kacèk sêtahun wiyose | ingsun mapan wis sêlikur warsi | nêmbah Rarasati |

--- 193 ---

èsêmnya sinamun ||

26. pan saklangkung sumêdhoting galih | sang dewaning sinom | adu sêmu kêcandhak liringe | ing Sang Rêtna Dèwi Rarasati | sinamun ing lungit | saya gêtir juruh ||

27. sonarnya wor dinusan mêmanis | akarya wirangrong | tandya jêngkar sang murtining rajèng | ginarêbêg sagung para sari | lir pujan rêtnadi | kondur angêdhatun ||

28. Adipati Lugêndèr gya mijil | sakancaniralon | pagêlaran atata lungguhe | kapang kubêng supênuh kang nangkil | lir manungsung warti | isthaning wadyagung ||

29. sidhêm tanpa subawa gung dasih | tanbuh garjitèng wong | mung Dyan Sôngka tinutên liringe | mênggah-mênggah tyasnya sang apatih | ningali dyan mantri | tanbuh kang tinutuh ||

30. nora wurung yèn dadi pakardi | satêmah rêrêmpon | ajur padha sadulur wêkase | runjang padha rowang arêbut sih | brêmantya tan sipi | tanbuh dhawahipun ||

31. mingut-mingut sinamun ing liring | ing sasolah sagok | myang Dyan Seta Kumitir sêdene | jajanya brit lir mawêtu agni | dinulu dyan kalih | lir nuduk agapruk ||

32. Dyan Sêsôngka pan wus ngudanèni | ing sasolah pasmon | langkung dene ngênorkên ragane | nging jroning tyas sarambut tan gigrig | prêcayèng sukmadi | sumarah ing ratu ||

33. malih warnanên sang prabu dèwi | kang kondur ngêdhaton | kandhêg anèng gapura tindake | mulat kawiryan rêngganing puri | pura raras rêsmi | lir kasyargan tumrun ||

34. mantya rênggèng pradôngga asri |Kurang satu suku kata: mantya rênggèng kang pradôngga asri. sumrik puspitabyor | wijah-wijah jahning maya ludyèng | minangkara rêsêp mindranya sri | lêlêng kalêngkaning | lêngês mara ngungrum ||

35. sêmining ron ketang karongron sih | duk kasyargèng tinon | angrênggani ing Cakrakêmbange | rikalanya Kumajaya Ratih | mèh embah kang brangti | ing sang karya wuyung ||

36. duk mangiwa liringnya ningali | sang murtine sinom | pustakane Pandhansurat age | pinêthik tandya sinukmèng galih | sinrat sastra sandi | linimpadkên [linimpadkê...]

--- 194 ---

[...n] têmbung ||

37. pilih jalma ingkang ngudanèni | sandine wèh wirong | sinrat dening kênaka lungide | gya sinungkên pawongan kêkalih | satêdhaknya sangking | pilênggah sang ingrum ||

38. sarta tindak tan kêcakrèng lungit | titising sastrèng ron | wus kêtampan sang nata pasmone | gêpah Sêpêtmadu Wilaja glis | mring paglaran mijil | sêksana tumanduk ||

39. ing Dyan Sôngka kêng nèng pôncaniti | gupuh mangrêpanor | gya dhumawuh timbalaning rajèng | wus tinampan pustakèng ron sandi | sinukmèng jro galih | bêbukaning têmbung ||

40. pèngêt maha sang narendra putri | sinudyèng sukmanon | kang minongrèhminangrèh. pra juwata kabèh | kinamulèn sagung widadari | kang kinarsan dadi | lêlakon kasyayun ||

41. dhumawuha ing Dyan Damarsasi | wiyose sang katong | kapêtêngan ing praja rêntênge | ing rèh Menakjingga kyating jurit | mendra sura sêkti | tanpa lawan pupuh ||

42. pantês lamun Radyan Damarsasi | ngêntasi palugon | yogya mocok murda digung rajèng | tan lyan yogya pininta srayadi | mung Dyan Damarsasi | kêng sih ing kasyayun ||

43. cacadira sang narendra putri | gêgampang punang wong | dene durung sinungan kamuktèn | sinangsraya kinèn mapak jurit | yènta wus amukti | tan kuciwèng sêmu ||

44. ing satêmah ginubêl ing kardi | rèh sang prabu sinom | tanpa yayah rena myang kadange | èsthining tyas kawrat ing sastradi | wus titi kêng tulis | sang anom tyas ngungun ||

59. Sinom

1. sêkala kadya sinêndhal | ing driya rahadyan mantri | kurang winalêsing pêjah | mêmanise prabu dèwi | galihnya cilik wukir | kongas netyarja sumuluh | gêpah mangsuli sêbda | ing lurah pawongan kalih | dasih nata tan lênggana ing sakarsa ||

2. Ni Sêpêtmadu Wilaja | wus mêsat lumêbèng puri | horêg sagung kang sumewa | pita-ginupita sami | nyana-nyana mawarni | warna-warna bisikipun | risang rêkyana patya | sumung-sumung wêdanabrit |

--- 195 ---

ngatak bubar ya ta samya lêluwaran ||

3. gora rèh kagiri gumrah | sagunging wong nêningali | margagung lir binusanan | kadya sulung mêdal enjing | wulat mawulat asri | pôntha mapanthang supênuh | datan lyan kang ingucap | amung Radyan Damarsasi | sugun-sugun kaya wong takon pawarta ||

4. ya ta ingkang kawarnaa | sang dyah kêng tinilar nangkil | Kusumayu Anjasmara | datansah angarsi-arsi | ing kakungnya dyan mantri | wuyangingwuyunging. tyas tansah gandrung | sang dyah kabyatan trêsna | gandrung-gandrung asung brangti | roning kacang manglayung dangu tan panggya ||

5. buron arum kinunjara | maras-maras ingkang ati | alaki wong kadi Parta | lamun dèn limang sukoni | atal sangit sing ardi | mendah baya merang ingsun | pan pantês sun têkèng pêjah |Lebih satu suku kata: pan pantês sun têkèng pêjah. lawe ingkang jinum kardi | yèn rawuha mêngko kakang sun rarêngga ||

6. baita kaisèn toya | cêpaka rinujit miring | bubrahe ati manira | kèrên dene wong asigit | parikan wohing dami | parikudu ingsun susul | wadung cina pangeran | kinapakna awak mami | pêtis manis jêr dika dadi pocapan ||

7. krangeyan kang munggèng têgal | wong bagus sun anti-anti | kang gêbang binêsut mudha | apêgêl rasaning ati | dene kêpati-pati | seba têka nglangut-nglangut | sang dyah karsa anggantyan | tansah binuwang ingambil | mung kakunge tan lyan sinambating brôngta ||

8. sêbdane mring babu inya | pagene ta wong asigit | suwe têmên nora prapta | dene mau ingsun janji | maras-maras ing ati | mênawa mati kêsandhung | sirna kabur kanginan | kodanan udan pawèstri | padha ilang angur sanak bapa biyang ||

9. sêjagat môngsana memba | kadi dika wong abênthing | oleha ing bênthingira | ujar kari sarya wingwing | akeha wong awingwing | ujar kari rangkung-rangkung | padha rangkung-rangkunga | ujar kari parak ati | prak atia ing manah môngsa

--- 196 ---

sênênga ||

10. sapa kang kandhêk kampiran | angganggu mring wong alungit | mawuh angrong pêsanakan | kinraha buta sakêthi | pinaraga gagrêring | sinambrêra gêlap sèwu | wanodya kang sikara | linuda ing mutah mising | wong abagus poma aja salah karya ||

11. ni êmban matur wotsêkar | raka panduka dyan mantri | kadangu anèng paseban | tinimbalan prabu dèwi | mêlang-mêlang ing ati | mênawa tinuju kayun | pinundhut dadya krama | sinangkan sing solah niti | sêbdaning dyah yaiku maras ngong biyang ||

12. poyang-payingan ing manah | Anjasmara sêmu kingkin | sêksana Radyan Sêsôngka | wus rawuh dènira nangkil | duk katingal nèng wijil | sang dyah tyasira kumêpyur | gya mêthuk kapang-kapang | gêndrèh-gêndrèh asung brangti | gupuh-gupuh rahadyan maoni kônca ||

13. gapyuk sêksana ingêmban | sarya ingras kang panêpi | samarga awirandhungan | wayang-winayang ing liring | rêbut gon kang mêmanis | sang kalih tuhu abaut | sêdhêng kang pêpasihan | lir mintuna lawan mimi | sang dyah lajêng binêkta mring pêsarean ||

14. supe dhahar lawan nendra | mung asmaranya kang kèsthi | tansah anèng pagulingan | tan etang karya duk nangkil | mung lêngês marèng rêsmi | mantya martikèng mangunkung | kongas kasmarjèng tilam | srêngkaranya anrês ing sih | arum-arum lir sapadasadpada. nukmèng sêkar ||

15. nutuk dènnya pacakarapôncakara. | prêmain taksyara lungit | lungide sinawung brôngta | brangtanya amigênani | wigêna pamujasih | sihira tuwan kumêndur | gupênur rat India | anèng gupit môndrarêsmi | pênuh raras mas nyonyah ing kêpatihan ||

16. wus jinarwa kang suwadya | sapangrèhirèng duk nangkil | katitisan sandi sastra | tumrap pustakèng ron sari | sinran srayèng ajurit | ing maha sang umarèng rum | mapag sang Menakjingga | kyating sura môndrasêkti |

--- 197 ---

têguh timbul prawira ing adilaga ||

17. Rêtna Dèwi Anjasmara | ing manah brangtana kingkin | wuyang-wuyunganing cipta | ajrih maras aworasih | jrihnya mring prabu dèwi | dene gêntosi dewagung | mulya trus mutrêring rat | sapituduh dèn lakoni | nara kêna mindakèng printahing raja ||

18. maras-marase kang manah | mênawa tan bangkat kardi | sêpi sangking kira kirang | dudu lawan sirèng tandhing | yèn têmah têkèng lalis | gawe rôndha tanpa nganggur | sihira wus kênyatan | kumantilkumanthil. kulunging ati | wusananya sang dyah amônca udrasa ||

19. mingsêk-mingsêk anèng pangkyan | tansah jinum sabda manis | sinangkan sing nitikrama | pinruskên kasmaya jati | kasampurnaning urip | inguripan ing sukmagung | mangrèh sulanging titah | tata anggêp anèng bumi | binarung sih ruming sêbda mangla-êla ||

20. lingsir dalu wayahira | rikala apamit jurit | radyan baut ing srêngkara | rèrèha pêngarih-arih | kasmantya sang sudèwi | kasmaran môntra pinrêskung | tandya kapati nendra | wusing narèkakên ririh | kinrangulon sang dyah dening asta kanan ||

21. embah sri nata ingatap | manggung winawang kang liring | kadya murca kinêdhèpna | paja-paja mangkat jurit | trênyuh kabyatan kang sih | ing saniskara kaetung | Radyan Damar Sêsôngka | lir pêjah sajroning urip | aningali sang dyah kang sawang purnama ||

22. radyan mangunus ing waspa | sinangkan sangking sakêdhik | manut silaning kang napas | sinamur duk pungah-pangih | yang Yyang Brêmara kadi | ri sêdhêng ngrêbasèng santun | yèn kalanira sang dyah | èsmu sêsêk napasnya glis | radyan mantri ngêndhani tanpa subawa ||

23. konus pênariking asta | mangu mangangên tyas brangti | brôngta mulat ing wêdana | asor Yyang Purnamasidi | waja gumyur kasilir | kongas tejane ngênguwung | sêngkang hèrnawa muncar | lir lintang sayuta ngalih | rêbut raras goyang-goyang kaprêmanan ||

24. kaya angalapna jiwa |

--- 198 ---

kusuma kang lagya guling | gêtir madu minasthikapinasthika. | rêrêm sata ngramyang sumrik | sênsaya rêbut manis | sajroning kang tilam santun | Radyan Damar Sêsôngka | lumèngsèr sing jinêm wangi | singêp kongkih sang dyah katrang prêmbayunnya ||

25. manglela maya gumêbyar | rahadyan jêngrê kêpati | anglês sarya ngusap jaja | èsmu mênggah sambat mati | wus tumrun sing jinêmrik | mawang mring garwa mangungun | gilang-gilang winulat | sang dyah kêpati aguling | radyan mantri ing manah kadya kamaca ||

26. malih minggah ing paprêman | sang dyah rêtna dèn arasi | cinêcêp-cêcêp lathinya | napasing dyah dèn sarêngi | ing dêmang ngrid-iridi | manarik pamiyosipun | tumrun mring wonga-wonga | nukmèng padaning panêpi | môngsa borong kêng ahli tilawat kuran ||

27. tajuwit lan mukalkalah | bilagonahira minging | sang dyah sampun siningêban | sarya ingêmêk-mêk ririh | dèn apit ing gêguling | asta ingastan masak rum | sêkar cundhuk ingalap | kinarya jimating jurit | malah mandar dadya têguh kayuwanan ||

28. minesêkarêng ing tingal | solah pangrèh pamuja sih | radyan têdhak sing paprêman | satindak gya mawang liring | samir èsmu kawingkis | katongton mêlok sang ayu | sang kakung trênyuh ing tyas | ginubah winangun aglis | wus tumangkêp datanpa nolèh ing wuntat ||

60. Pangkur

1. ri wusnya ngrasuk busana | Dyan Sêsôngka tandya sowan ing patih | lan parêpatnya wus pangguh | laju ing lampahira | de warnanên sang dipati apan nuju | sêdalu lênggah lan putra | Dyan Seta Layangkumitir ||

2. anèng ing bangsal sineba | gunêm rêmbag gusthi karsaning gusti | pêpucukan nyinèng sêmu | sêmu mring Damarwulan | kadya ingusikkên Sukmana kang agung | pituduh juwata mulya | mring maha sang prabu dèwi ||

3. myang raoskên ingrêringrat | wahyuning yyang praja ingkang dumadi | tuwin [tuwi...]

--- 199 ---

[...n] budayaning laku | kêlakuwaning titah | sinung murah dening bêthara kang luhur | wênang istiyaring lampah | nyalangi durunging pêsthi ||

4. mila tansah pirêmbagan | kyana patih lan putranira kalih | Dyan Layangkumitir matur | ing yayah adipatya | Damarwulan priyogi cinidrèng lampus | sampun ngantos manjang wirang | yèn lami saya angsal sih ||

5. saya jêmbar kang daulat | kuncara nrus ngait wong Majapait | awrat irinya ingapus | mojar Dyan Layangseta | yayi aja laku cidra amrih lampus | abot prêdataning lampah | kuwat pira nalar siji ||

6. kalah nalar ing sajagat | pujining kang ngudi dursila juti | tan wun sing bahya kapangguh | satêmah kawêdakan | rama mojar paran ta rèhira kulup | Dyan Seta matur wotsêkar | yèn sêmbada lawan budi ||

7. yogi angabên narendra | sinangkan sing pangrèh kang adu manis | manis kang pamicaralus | nêbihi kira-kira | winisayèng krêsane busana samun | sêmonira tan kênyanan | nyanane angraharjani ||

8. luntur tyas lumêksanannya | gunging urip tan wontên amrih sisip | mulyane sinêdyèng kayun | tan wrin ing pringgabaya | sasingating andaka têmah tinanduk | linabong suselaningrat | tan susah dados pakardi ||

9. ing rèh kasiku ing tingkah | sinaidan isining bumi langit | ratu tumurun kang pêndu | agampil winoran byat | ginosongan ing bêbudèn sêtya tuhu | yèn wus tiwas tyasing raja | gugur kagubêl ing sisip ||

10. saha bala sakusyala | saprajanya tumindak lawan kingkin | kêkês nalar kang rahayu | ruwêt pamuja arda | Damarwulan môngsa dadosa talingus | pêjah kasêmbung rêratan | ingèstrènan lawan niti ||

11. amanggut rêkyana patya | wusana rum sêbdanira aririh | luwih bênrê sira kulup |

--- 200 ---

cacade wus kaslêpak | ingnging. wong mayang môngsa kewuhonakewuhana. laku | wus kagêgêm ngastaningwang | lêlakone Damarsasi ||

12. radyan kalih saya nyêlak | pilênggahnya ngadhêkês tyas mèstuti | kya patih alon ing wuwus | ting kranthuk alamatan | lan putranya pasmon kewala asamun | gutuk kidul lèr kêpranan | liwat pinaliwat lungit ||

13. tandyana abdi manêmbah | matur lamun Dyan Sôngka arsa sumiwi |Lebih satu suku kata: matur lamun Dyan Sôngkarsa sumiwi. katrinya ing manah jumbul | sinamar wus ngandikan | nanging pamojarnya tan kandhêg ing wuwus | sasolahira tan owah | sanetya kinardi-kardi ||

14. grêgête yèn kala marna | Sang Sindura duk campuh ing ajurit | manise yèn kala muwus | prange dipati Tuban | èsêmira yèn marna para tumênggung | pra dipati para menak | kang samya kanisthan jurit ||

15. gêtun-gêtune ing netya | duk manabda risaking Maospait | Dyan Damarwulan wus rawuh | agêpah ingancaran | kinèn lênggah lan putra kalih wus kumpul | abukuh kêparèng wuntat | ya ta Dyan Seta Kumitir ||

16. tan pêgat matur wotsêkar | sarikutan ngambil ingkang mêmanis | kang prapta dangu tan dinuk | ing tingal saha sêbda | tungkul dènnya anggumunkên ingkang atur | mring sudarmanira radyan | luwês kang têmbung patitis ||

17. ya ta sang rêkyana patya | sawusira nimbangi putra kalih | nêbda mring Dyan Damarsantun | têtanya ing pakarya | Dyan Sêsôngka pyayama saha wotsantun | ngaturakên sandi sastra | kang tumrap ing ron tinampin ||

18. wus sinukma ing apatya | kang nuwala tandya sinungkên malih | nêbda paran sira kulup | mungguh wêkasing karya | nêmbah matur Dyan Sôngka panyiptèng ulun | nadyan dhatêng sakit pêjah | kawula èstu mèstuti ||

19. lumampah mring Prabalingga | sumêngkèng rèh pêngawak braja jurit | lan Sang Menakjingga digung | tan lyan ulun pêpinta |

--- 201 ---

mung pangèstu panduka ingkang sinugun | manggut kya patih ngandika | iya bênrê sira kaki ||

20. borong apa karsa nata | sapituduh kudu dèn lêksanani | balik angkatira kulup | mapak mring Menakjingga | nêmbah matur sira Radyan Damarsantun | inggih lajêng sapunika | manggut kya patih sarya ngling ||

21. dene lingsir wêngi radyan | garwanira apa wus têpung kapti | dyan matur panduka sunu | dahat tan suka mangsah | mila ulun sowan ing panduka dalu | Anjasmara sangêt mothah | ngong lêlimpe duk aguling ||

22. sing jrih kawula mring nata | myang mring tuwan asung nugra kang luwih | garwa katilap jinêmrum | kya patih mèsêm nêbda | luwih bênrê babo mangkata dèn gupuh | sasat karsaning juwata | barang parentahing gusti ||

23. Dyan Seta ewa ing manah | mingrê mucang èsême nocog galih | cumrêri mènjêp praidu | Kumitir panas mulat | liringira mrêkitik kanyinèng sêmu | adhoso ingkang pangucap | ki raka mangkata aglis ||

24. poma dipun angsal karya | dèn kapocok Menakjingga ing jurit | Dyan Sôngka ngrêpa tan muwus | kya patih ngatak mangkat | nêmbah majêng dyan mantri manukmèng suku | sawusnya lèngsèr dyan mentar | lan parêpatira kalih ||

25. amarêngi padhang wulan | tara lumrang trênggana mawur asri | srining manon mangungun |Kurang satu suku kata: srining mêmanon mangungun. sumilak ngêmu brotabrôngta. | ing sang kadi Partasmara amrih pupuh | samarga sinêmangkara | mring juwatanya kang asih ||

26. nir baya tanpa wikara | tan lyan ingkang kaciptèng kasmayadi | mung sandining sastra wèh rum | wirama krana manras | rumasuk sih sutijèngkara sinamun | lawan brôngta kawuryan tyas | karêpatyan tiksyèng lungit ||

27. tan ingucap kang nrang lampah | ginupita malih gitaning patih | Seta Kumitir wus rêmbug | kêng môntra mulyaning glar | glaring aran braja trêstha tyas sih bukuh | lêlandhêpe namung tingal | anggêp ungguh asamasih ||

--- 202 ---

28. byar rahina surya muncar | Anjasmara pinojaran sru wadi | sang dyah aniba tan emut | sêmanging driya mamang | byat trêsna sih ing kakung tinilar dalu | kuwur samawur ing manah | sapanglilirnya kasyasih ||

29. sêsambat awor karuna | wuyang-wuyung marasira kêpati | pawongan pating bilulung | tan wruh ing purwakanya | awurahan gustine sinambat wuwus | tintrim wong sakêpatihan | sasaran miyarsèng tangis ||

30. gêpah Rêtna Anjasmara | malbèng pura marsèng byantaraji |Kurang satu suku kata: malbèng pura mangarsèng byantaraji. mangèstupada kasyayun | sêsampur kuleweran | mantya drasa asambat-sambat ing kakung | prabu rara mangrês mulat | tansah angewani galih ||

31. sasêbdanya gêtir kilang | awusana tandya parentah aglis | mring apatih wus dhumawuh | kinèn abantu lampah- | ira Radyan Sêsôngka sadhiyèng pupuh | gêpah wus samya pininta | dêdamêling Maospait ||

32. pra nararya para menak | pra tumênggung dêmang rôngga ngabèi | sabalakusyala daut | mangrob mangarab-arab | têngara ngrok gurnita têtêg makêtug | winantrêwinantêr. winantya budhal | kadya alun nêmpuh wukir ||

33. kang dadya tindhihing lampah | sira Radyan Seta Layangkumitir | wadyèng kêpatihan magut | pênuh datanpa petang | pra dipati môncanêgara sêdarum | wong pasisir lèr bêlabar | kadya jalanidi ngalih ||

34. mêne gênti kawarnaa | Dyan Sêsôngka sinrang lampahira glis | tan kontap kang samya nusul | dêdamêl Majalêngka | kandhêg anèng Kadhiri kabrukan mungsuh | barise wong Bêlambangan | Kotbuta Katbuta patih ||

35. myang sagunging para menak | para dhaèng miranti tata jurit | baris aglar opyak mungsuh | kadya dhawuhan bêdhah | gênggêng muntat kadya gunung alêlaku | syara ngrok panjriting liman | anglir udan sinêmèni ||

36. ganjur-maganjur mangrêmpak | braja kilat makilat-kilat thathit | buh bayu bajra magêntur | gêntur bêntur sauran |

--- 203 ---

anjrak bajra prêkatha lir sèwu guntur | baris kulon lawan wetan | tan ana sêdya gumingsir ||