Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Jalu Lan Wanita, Partasewaya, 1930, #1731

Katalog:Jalu Lan Wanita, Partasewaya, 1930, #1731
Sambung:-

Serie No. 866 f 0.16.

Jalu lan Wanita

Anyariyosakên satunggiling tiyang èstri badhe dipun tilar wayuh ingkang jalêr.

Anggitanipun Partasewaya.

Cap-capan ingkang kaping kalih.

Bale Pustaka, Wèltêprèdhên.

--- [1] ---

Jalu lan Wanita

Anyariyosakên satunggiling tiyang èstri badhe dipun tilar wayuh ingkang jalêr.

Anggitanipun Partasewaya.

Cap-capan ingkang kaping kalih.

Bale Pustaka, Wèltêprèdhên 1930.

--- [2] ---

Wêwênangipun pangarang sinêngkêr, miturut bab 11 anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Jalu lan Wanita

1. Gambuh

1. Pak Glompong lênguk-lênguk | arêrasan karo bokne gêndhuk | ah nèk ngene iki penak bojo kalih | Bokne Glompong banjur nyaut | ora nyêbut Pakne Glompong ||

2. lah ta sawangên iku | pating glimpung anakmu le turu | têka dadi anggagas sing kuwi-kuwi | Pak Glompong mèsêm sumaur | iyah padumu Byang Glompong ||

3. ora gêlêm diwayuh | balanjakubalanjamu. mundhak ora wutuh | Bokne Glompong sumêngit gone nyauri | ya wis rabia ka têlu | mlaratmu bèn saya mondhok ||

4. bok koetung blanjamu | sêsasine [sêsa...]

--- 4 ---

[...sine] sing kowèhke aku | gene ora tau ganêp sabên sasi | mêsthi kalong digo nyaur | utang nyang gone Bah Blotong ||

5. blônja mung têlung puluh | digo nicil utang sing sêpuluh | bayarane sêkolah thole sêringgit | kari pitung ringgit iku | arêp kogo bojo loro ||

6. gèk iki batih pitu | sadinane bêrase sing têmtu | karo têngah bêruk malah punjul sithik | saiki bêras sabêruk | uwis sêtali sêbenggol ||

7. dipingke têlung puluh | dak gawene wolung gelo wutuh | gèk jangane dak ênggo ngirit sakêthip | uwis têlung gelo iku | seje gula êtèh rokok ||

8. lêngane bok koetung | sabên sore êntèk têlung cinthung | sacinthunge saiki wis têlung dhuwit | dadi

--- 5 ---

pirang dhuwit iku | rak ya uwis têlung benggol ||

9. sêsasi nèk dietung | rong rupiyah sêtali digunggung | kari pira blanjamu sing dak tampani | seje jajane anakmu | siji-sjine sêbenggol ||

10. anakmu lima iku | rak wis dadi karotèng ta iku | sêsasi wis patang gelo têlung tali | môngka yèn Si Glompong iku | wêruh uwong nyunggi tebok ||

11. anggujêg gone jaluk | banjur ngêndhêg sing dodol dicêluk | sadhodhokan bae êntèk wolung dhuwit | adhine ya mèlu-mèlu | kumroyok ngrubung sing dodol ||

12. kari pira blanjamu | lah ricikên tanjane kayamu | lan manèhe klambine anakmu kuwi | kabèh uwis padha bawuk | malah ana sing wis amoh ||

13. môngka anakmu iku | yèn klambine [kla...]

--- 6 ---

[...mbine] suwèk sithik nêsu | apadene kowe dhewe kuwi mêsthi | yèn manganggo isih jaluk | sing anyar-anyar sing mompyor ||

14. lah gèk olèhe entuk | wae saka ngêndi apa jaluk | nèk caturan kuwi bok sing ngati-ati | aja mung anggêre mêtu | hara piye Pakne Glompong ||

15. Pak Glompong manthuk-manthuk | karo mèsêm linggihe anyingkruk | mikir-mikir anggone arêp mangsuli | rada kacipuhan rêmbug | wêkasan nyauri songol ||

16. ah kowe bokne gêndhuk | dadak ngrêmbug butuh sabên esuk | janji isih urip rak ya diparingi | pangan Hyang kang Maha Agung | dak kandhani ya Byang Glompong ||

17. olèhku arêp wayuh | nèk cicilan wis bot sing nyêpuluh | iya kuwi sing arêp dak ênggo rabi |

--- 7 ---

go blônja calon marumu | rak ya wis nyamlêng ta ngono ||

18. aja banjur marêngut | durung-durung ulatmu wis jabrut | arêp rabi dadak dikon ngricik dhuwit | tak kandhani bokne gêndhuk | aja pijêr plerak-plerok ||

19. Biyang Glompong malêruk | karo ngucap iya pakne gêndhuk | ora susah ngandhan-ngèndhèni wis ngrêti | ya kuwi wong ora nyêbut | ora nolih sing ting throngol ||

20. bok kopikir wong bagus | adhine Si Glompong kuwi uwus | sasi ngarêp iki iya wis ngragadi | ngêcêk olèhe anjaluk | mèlu sêkolah Si Glompong ||

21. apa ora korêmbug | gèk go bayar apa hèh wong blêgug | ora wayuh wae uwis srothal-srathil | têka dadak arêp wayuh | sapa sudi

--- 8 ---

nyang wong blêmbong ||

22. Pakne Glompong sumaur | durung kinar gene kèh sing nganggur | timbang dadi lêgan luwung êndang laki | diwayuh-wayuh ya lowung | ora dadi pocapan wong ||

23. timbang kae Pak Bawuk | tanpa blônja gene iya entuk | bojo loro malah ayune ngluwihi | ngalahke wong kaya aku | tur bojone kabèh ênom ||

2. Sinom

1. sing siji kaya Sêmbadra | irêng manis mêrak ati | luruh sêmune jatmika | sijine Ambanowati | gonas-ganès mantêsi | sripit-sripit yèn lumaku | sêmune sêblak langak | kuninge anêmu giring | dhasar ayu wiraga sugih lêlewa ||

2. kuwi bokne sing dak tulad | ing môngka Pak Bawuk kuwi | umur wis sêtêngah kliwat | rupane ora bêjaji | tur duwe lara mêngi |

--- 9 ---

gene kok ya kuwat wayuh | ora tau kêrahan | malah rukune kêpati | runtung-runtung bok ênom karo bok tuwa ||

3. Byang Glompong nyauri sugal | lah apa kowe kêpengin | wong lanang go cak-icakan | kaya Pakne Bawuk kuwi | wêruha ya mas bèi | kae bapakne Si Bawuk | anggêr dhèwèke mara | nyang gone bok tuwa mêsthi | disosotke nganti ora uman papan ||

4. sing lanang diuman-uman | diundhat-undhat mèh nangis | Pak Bawuk bali kêlepat | nyang gone bok ênom gênti | lagi ketok wis mêsthi | ditudingi diwus-uwus | rupane ora pakra | uwis gêrang nganggo mêngi | ora guna ora kaya ora rupa ||

5. wong lanang disambêr gêlap | minggata balia gêlis | ora susah kowe

--- 10 ---

mara | apa dadak awèh dhuwit | aku wis ora sudi | anyawang marang wujudmu | kowe anggêre mara | nyang gone bok tuwa mêsthi | ngala-ala aku pèh ladènku kurang ||

6. gèk kowe bisamu mangan | kuwi sêga saka ngêndi | bisa têmên ngala-ala | ora kelangan sabribil | bisa-bisamu muni | uwis gêrang ora nyêbut | Pak Bawuk paringisan | ngalor ngidul dingis-êngis | apa kuwi pakne gêndhuk sing kotulad ||

7. disosotke sambêr gêlap | kuwi sing kokêpengini | Pakne Glompong mèsêm ngucap | ngêndi ana diunèni | ora wani mangsuli | wêruha wong lanang iku | kuwasa banjur mêgat | mungguh aku diunèni | dak taboki dak ingêl-ingêl dak pêgat ||

8. golèk manèh ora kurang | sing ayu-ayu sing

--- 11 ---

manis | dhasar aku duwe blônja | priye olèhmu mangsuli | Bokne Glompong nyauri | o o dadi kaya iku | eman têmên wong lanang | budimu amung sadulit | bênêr wae nèk trima wong sêmbarangan ||

9. dalan kuwi ora kurang | lèhmu golèk pirang dhosin | wêruha ya dara lurah | rungokna tak omong dhisik | Pak Glompong anyauri | iya kêpriye omongmu | wis linggihku dak mapan | omonga gêlis Byang Cangik | amalerok sing wadon atine panas ||

10. ora maido sing brêgas | ngaran-arani Byang Cangik | Pak Glompong mèsêm angucap | ya wis ora ta gèk gêlis | sing wadon banjur muni | rungokêna ya wong bagus | wong wadon sing pêthingan | kuwi dudu wong sing manis | puluh [pu...]

--- 12 ---

[...luh] ayu nanging yèn atine salah ||

11. kuwi tumrape wong lanang | sing bêcik amêsthi suthik | ayua kae mung rupa | atine pating brêgidhil | apadene wong sugih | ning yèn atine ngêthiwul | ora wêruh wong tuwa | mênyang maratuwa wani | nyang wong lanang anguyap wis ora mamang ||

12. kuwi wong lanang sing brêgas | môngsa gêlêma ngrabèni | dadi rupa karo bôndha | kuwi ora maedahi | dene sing nomêr siji | wong wadon sing ati tulus | sanadyan ora rupa | ora bôndha ora asli | ning yèn sêtya tur bêkti marang sing lanang ||

13. wêdi marang maratuwa | mênyang sanake ngajèni | sakarêpe uwong lanang | ora gêlêm nyulayani | amung sarwa ngrujuki | mênyang sing lanang anurut | dikon ngetan ya ngetan |

--- 13 ---

dikon ngulon ya nglakoni | iya kuwi uwong wadon sing pêthingan ||

14. Pak Glompong nyaut angucap | iyah aku uwis ngrêti | padune rupamu ala | rekane banjur nuturi | apa aku ra ngrêti | arêp angapusi aku | wong lanang kok diwulang | nganggo bôndha rupa asli | bok wis ora entuk ngono wae gênah ||

15. karuwan olèhku gagas | sing wadon banjur mangsuli | mêngko dhisik ta dak kôndha | durung tutug lèhku muni | rungokna ya mas bèi | kajaba sing dhisik mau | rasakna sing têmênan | aja kêsusu mangsuli | tak lairne atiku kowe bèn lêga ||

16. wêruha iya wong lanang | atine wong wadon kuwi | nèk sing lanang gêgombyakan | gêdhene wayuh anyêlir | nyang ati banjur sêdhih | sêdhih [sê...]

--- 14 ---

[...dhih] olèhe diwayuh | dina-dina mung susah | sasat ancik-ancik êri | tansah êmar sumêlange nèk dipêgat ||

17. marga sing mêsthi wong lanang | bojone banjur ditandhing | e iki ngene bok tuwa | nèk ngladèni kaya iki | dak tandhing apik êndi | olèhe ngladèni aku | coba aku tak mara | nyang gone bok ênom gênti | egah-egah ladène bok nom dipriksa ||

18. barêng têka banjur nimbang | e ladène kaya iki | iya ngono apa ora | wong lanang wis mêsthi nandhing | tur nèk bok nom digilir | angganyik olèhe nyatur | ngala-ala bok tuwa | prêlune bèn dikasihi | mulakêna ladène ya ngaya-aya ||

19. ora ketang adol êndhas | melike bèn kanggo nglaki | nèk gilir mênyang

--- 15 ---

bok tuwa | sing lanang ya dirêmbugi | sing ora apik-apik | nyatur nyang bok ênom gupruk | akèh-akèh le nacad | êndi sèdhèng êndi ithil | uwong gêthing môngsa kuranga panacad ||

20. dadi bok ênom bok tuwa | padha rêbutan disihi | sing lanang atine bungah | ngalor ngidul disêsunggi | kuwi nèk padha asih | wong lanang ya enak-enuk | mênyang gone bok tuwa | disuhun-suhun dipundhi | mênyang gone bok ênom disuba-suba ||

21. dhasar marune ya ora | tau padu ngrêrasani | nèk pinuju sarimbitan | bok nom bok tuwa nèng buri | rupane manis-manis | iki ayu kuwi ayu | sandhangane di kêmbar | tapih parangrusak klithik | klambi jambon suwênge kabèh barleyan ||

22. sing lanang lakune gagah | karo [ka...]

--- 16 ---

[...ro] wirone dicangking | kuwi rak nèk wong sêmbada | kêcèh amal kêcèh dhuwit | nanging sing wadon mêsthi | ora mantêp sêtya tuhu | marga sihe wong lanang | ora wutuh nyang wong siji | nyang bok ênom asih nyang bok tuwa trêsna ||

23. asih mung siji disigar | mrana sisih mrene sisih | kadhang ora sêparo byak | olèhe amaro asih | sih iki apa iki | walak-walak di sing baud | ngêmpèk-êmpèk wong lanang | iya mêsthi diluwihi | mêsthi ngono uwis ora kêna ora ||

24. sing wadon mêsthine iya | ora wutuh mantêp asih | trêsna sungkêm myang sing lanang | dina-dina kêtir-kêtir | tiwas dirêrewangi | kurang mangan kurang turu | mrihatinke sing lanang | dadia wong sugih singgih | jêbul ora kanggo ênggone suwita ||

--- 17 ---

25. dadi wêruha wong lanang | wong wadon diwayuh kuwi | wis mêsthi ya kurang trêsna | trêsnaa ya mung sathithik | beda yèn bojo siji | ora ketang gendhong wakul | abot-abot disôngga | bêtèke le bêkti nglaki | apa manèh wulange wong tuwa-tuwa ||

26. tak tirokne rungokêna | aja kêsusu mangsuli | yèn kowe kêpengin mlarat | kêrêpa ngalih lan rabi | lah ta rasakna iki | iya bênêr apa luput | wong kêrêp lih-alihan | wis mêsthi mlarat kêpati | jalarane mrana-mrene nganggo ragat ||

27. wong kêrêp rabi ya padha | ora ketang mung sabribil | harak iya nganggo wragad | coba pikirên sing bêning | aja kêsusu muring | arêp anaboki aku | aku iki caturan | ora bisa nèk [nè...]

--- 18 ---

[...k] kon ganyik | mung salugu tur uwis kanthi rêkasa ||

3. Kinanthi

1. Pak Glompong sêmune ngungun | batin pancène ngrujuki | e boke Glompong têmênan | wangune lèhe gondhèli | banjur alon lèhe kôndha | kowe bokne dak tuturi ||

2. lèhku arêp wayuh iku | bokmanawa anjalari | bisa cukup sing dipangan | pirangbara bisa sugih | iki jênênge sêtiyar | wiwit biyèn kok mung miskin ||

3. bok iki marahi cukup | sapa wêruh têmbe buri | Bokne Glompong sêlak panas | kêsusu gone nyauri | marakake sugih apa | sugih dhuwit durung mêsthi ||

4. sugih utang kuwi têmtu | karo sugih anak cilik | saka aku uwis lima | ing môngka nèk sida rabi | mêsthi banjur duwe

--- 19 ---

anak | gumrayah pating kariyik ||

5. mlaratmu saya angundhung | anak isih cilik-cilik | kowe uwis rada tuwa | barêng wis wiwit ngragadi | kowe wis mênyang akerat | banjur kapriye sing kèri ||

6. rak iya mêmêlas iku | mula gumun aku iki | nyang wong sing ora gagasan | mung sênêng nuruti ati | anggêr karêpe kêtêkan | ora angèlingi buri ||

7. wêkasane barêng thiklu | anak isih cilik-cilik | bapakne wis nèng jaratan | anak mundhak gêdhe sithik | ananging banjur kapiran | mung biyunge sing ngingoni ||

8. sapira kayane biyung | mêsthi ora anyukupi | anake banjur diatag | akal-akal golèk dhuwit | rèhning kurang sing dipangan | lowung najan mung sabribil ||

9. rèhning isih padha kuncung |

--- 20 ---

lèhe golèk mênyang ngêndi | arêp nyambut gawe apa | sabisa-bisane nuli | ajar-ajar golèk pangan | êndi ana gogo krikil ||

10. adol sukêt adol kayu | kuwi nèk bocah sing bêcik | balik yèn kêtanggor bocah | sing ala watêke mêsthi | adhakane mênyang pasar | ajar nyêlêr ajar ngutil ||

11. kuwi isih rada bagus | ana manèh luwih nisthip | banjur angathungke tangan | karo muni paring-paring | ngêmis sasèn mawon dara | kula pujèkake sugih ||

12. hara piye pakne gêndhuk | lah sapa sing luput kuwi | apa lupute si bocah | apa wong tuwane kuwi | aranana dhewe enggal | Pak Glompong mèsêm nyauri ||

13. iku yèn mungguha aku | nèk sing lanang uwis mati | môngka anake

--- 21 ---

gumrayah | iya banjur laki maning | golèk wong lanang sing bisa | angrewangi angopèni ||

14. biyang Glompong nuli nyêndhu | o dudu wong wadon kuwi | wis anak-anak gumrayah | malah isih arêp laki | kuwi jênêng siya-siya | anak ora dielingi ||

15. tiwas laki kaping pitu | môngsa anak dadi bêcik | malah saya klara-lara | kuwi pakne sing wis mêsthi | marga yèn wis omah-omah | ora kobêr angopèni ||

16. mênyang anak sing kumruyuk | awit kêpêksa ngladèni | mênyang bojone sing anyar | trêkadhang banjur andlidir | ya anak-anak gumrayah | anake gawan wis mêsthi ||

17. sangsarane saya muput | cilakane saya mêncit | wêkasan padha klarahan | sabab olèhe ngopèni | mêsthine ya ora kaya |

--- 22 ---

anake sing mêtu kèri ||

18. mara piye pakne gêndhuk | yèn kowe sidaa rabi | akèh sabab sing kosandhang | sapisan rêkasa ati | kudu bisa maro trêsna | kuwi nèk kosêmbadani ||

19. lire kabèh sing dijaluk | sarwa bisa anuruti | upama ngene wong lanang | êmbok tuwa kosuwêngi | sêling mirah rêga swidak | bok ênom wis mêsthi mèri ||

20. iya mêsthi banjur jaluk | di padha lèhe nyuwêngi | rèhning jênêng padha-padha | upama bisa nuruti | nukokke rêga sawidak | bok tuwa gênti anangis ||

21. jaluk suwêng rêga satus | awit pangrasane mêsthi | alah dene dadi tuwa | mung dipadha le nyandhangi | priye gonmu arêp nata | supaya karone lilih ||

22. ora pijêr kobrak-kabruk | dibeda gone

--- 23 ---

nyandhangi | kuwi yèn kowe sêmbada | rêkasamu ora pati | balik sarwa kacomprengan | dina-dina gadho ati ||

23. apa korewangi slingkuh | kana-kene nguring-uring | mara nyang gone bok tuwa | lagi têka dipleroki | nyang gone bok ênom kana | lagi wêruh wis mrênguti ||

24. mrana mlerok mrene mlêruk | mrene gêthing mrono sêngit | mrana mènjêp mrene ewa | labêt ora nyêmbadani | kuwi yèn sing wadon brêgas | kadhang malah diunèni ||

25. suk-esuk sarapan kêpruk | awan diladèni tanjir | arêp turu sosoh ngujar | tangi turu dicêpaki | sosot karo sambêr gêlap | hara priye mênyang ati ||

26. mêsthi ya mak prêmpêng nêsu | ananging banjur dipikir | upama dak nêsonana | atiku rada kuwatir | mêngko [mêng...]

--- 24 ---

[...ko] gèk anjaluk pêgat | eman olèhku wis asih ||

27. sapisan sababe iku | sabab manèh saya luwih | yaiku ngèlingi anak | lah wêruha bocah kuwi | yèn biyung atine bubrah | mênyang anak anumusi ||

28. mèlu bubrah kuwi têmtu | aku gêlêm kothothoki | yèn luputa lèhku kôndha | samono yèn kowe isih | anggagas bêciking anak | susahing anak kopikir ||

4. Asmaradana

1. rasakna tandhêsing ati | aja mung kopikir lômba | abot arêp wayuh kuwe | ora kêna sêsêmbranan | kudu dipikir tênan | Pak Glompong alon sumaur | êmbokne thole wêruha ||

2. sadurunge dak lakoni | iku wis dak pikir dawa | bakal ing kadadeane | Biyang Glompong banjur nyandhak |

--- 25 ---

padatane sing lanang | kasusu gone sumaur | aku wis ngrêti wong lanang ||

3. bênêr yèn uwis kopikir | nanging beda sing kogagas | ora kogagas abote | mung sênênge sing koanam | sing sungil-sungil ora | lèhmu arêp wayuh iku | mung sênêngmu sing kotata ||

4. Pakne Glompong cungar-cungir | malah rada paringisan | kabêdhèk jroning atine | Bokne Glompong manèh ngucap | pakne ora ngonoa | olèhmu arêp awayuh | apa wis duwe dhedhekan ||

5. sing lanang mèsêm nyauri | prêlu apa takon barang | bok wis mênêng bae kowe | wong wadon wêruhmu apa | ngrêtimu rak mung adang | karo angêmong anakmu | anggêr mênêng aku trima ||

6. ora prêlu dak tuduhi | mêngko mundhakan kolarag | dadi maru durung klakon |

--- 26 ---

bae uwis gêgêmpuran | saru krungu ing tôngga | Biyang Glompong banjur nyaut | ora saru ora barang ||

7. lah pilihên saru êndi | aku padu sagrabyagan | karo sarumu sajêge | ngalor ngidul sosoh mujar | mrana ora bênêran | mrene diunèkke kêpruk | mulane kowe blakaa ||

8. sapa ta sing arêp kosir | apa kae Mas Jêng Sablah | sing sok liwat mènthèk-mènthèk | nèk kowe ana ngarêpan | banjur atarung ulat | Pak Glompong mèsêm gumuyu | ihik sapa ta sing kôndha ||

9. hla kok dadi kowe ngrêti | sing wadon nyauri sugal | uwis mêsthi ngrêti wae | najan aku ora lunga | nanging kabèh wis cêtha | tak incêng sinambi turu | sapolahmu wis kêtara ||

10. o o kowe tak kandhani |

--- 27 ---

wêruha iya wong lanang | karêpmu wurungna bae | aja sok aduwe tindak | nuruti ati murka | ngèlingana kang wus-uwus | critane wong kuna-kuna ||

11. sapa-sapa sing nuruti | digodha wong wadon kêna | mêsthi wurung wong dadine | kaya ta Jêng Nabi Adam | anggugu Ibu Kawa | woh kuldi dikon angundhuh | sêngkêrane Gusti Allah ||

12. Nabi Adam anuruti | ya iku kêna ing godha | kae kapriye dadine | didhunke saka ing swarga | didukani Pangeran | môngka dhèk nèng swarga iku | jarene mung sarwa nikmat ||

13. ora mangan ora ngêlih | ora ngombe ora ngêlak | amung sarwa sênêng bae | barêng mêdhun saka swarga | Nabi Adam lan Kawa | wêtênge kapêksa kluruk | jaluk diisèni sêga ||

--- 28 ---

14. yèn ora mangan ya ngêlih | yèn ora ngombe ya ngêlak | dadi kudu nyambut gawe | ana manèh têtuladan | Dasamuka Ngalêngka | bangêt ênggone kêpencut | kasmaran nyang Dèwi Sinta ||

15. ora klakon tiwas mati | kuwi iya jênêng godha | Bagawan Wisrawa kae | iya uga kênèng godha | dhèk dikongkon ing putra | Danaraja sang aprabu | nagarane Lokapala ||

16. Wisrawa karo Sukèsi | karone kêna ing godha | pancène dadi mantune | jêbulane ora sida | arêp dhewe Wisrawa | wêkasane barêng lampus | Wisrawa ora nyang swarga ||

17. satriya ing Plôngkawati | bangêt ênggone kedanan | nyang Dèwi Utari kae | Bimanyu angaku jaka | direwangi sêpata | bok dikrocok [di...]

--- 29 ---

[...krocok] gaman sèwu | rak isih jaka têmênan ||

18. môngka lugune wis rabi | mandi olèhe sêpata | Ôngkawijaya patine | dikarocok wong Ngastina | dhèk pêrang Bratayuda | tunggale isih angumbruk | kaya ta Ratu Mamênang ||

19. dhèk Bratayuda dianggit | pujanggane Êmpu Sêdhah | kuwi dikon nganggitake | critane para Pandhawa | prange karo Ngastina | kocapa barêng sang êmpu | panganggite uwis têkan ||

20. Prabu Salya ngarih-arih | anglêlipur ingkang garwa | wêktu iku panganggite | Sang Aprabu Jayabaya | kalawan ingkang garwa | lênggah mirsani si êmpu | jêbulane Êmpu Sêdhah ||

21. atine banjur anggoling | olèhe anganggit bubrah | kedanan marang garwane | Maha Prabu Jayabaya | mula

--- 30 ---

gone ngrumpaka | Êmpu Sêdhah nganti nglangut | tibane sing dirumpaka ||

22. dudu Dèwi Sêtyawati | garwane Sri Jayabaya | dilêbokake rêrêpèn | tujune sang prabu awas | sakala Êmpu Sêdhah | dipocok sirahe glundhung | tur iku kênane godha ||

23. sasat durung nganti kengis | suprandene dadi tiwas | ana manèh caritane | Jaka Tingkir dhèk nèng Dêmak | iya kêna ing godha | sing disamar Dhadhungawuk | Jaka Tingkir dikon lunga ||

24. kae Ki Agêng ing Mangir | sing jênêng Ki Wanabaya | sing misuwur digdayane | ora ana wani nglawan | nganti Ratu Mêntaram | ering tandhing pêrang pupuh | banjur sang prabu utusan ||

25. putri sing ayune luwih | dikon godha Wanabaya | nyalamur ambarang lèdhèk | Kyai Wanabaya

--- 31 ---

kêna | digodha sang lir rêtna | têmahane dadi lampus | lah iku pakne elinga ||

26. layang Panji Wulung kuwi | sing mangkono iya ana | nèk crita ing Arab kae | Menakjobin iku iya | patine marga kêna | ing godha putri Mêdayun | sing jênêng Dèwi Muninggar ||

27. yèn dak aranana isih | ngrêmbêk sing dadi tuladha | prakara wong lanang kuwe | sababe dadi cilaka | mung marga kênèng godha | êmbuh kagodha ing rêmbug | êmbuh kagodha ing rupa ||

28. malah ujare ing kadis | besuk yèn ana ngakerat | ana godha luwih gêdhe | yèn digodha apa-apa | ora ana sing pasah | pungkasane godha mau | widadari saka swarga ||

29. ayune ngudubilahi | anggodha nganggo lêlewa | sapa sing dulu dhèwèke |

--- 32 ---

uwis mêsthi yèn kedanan | saking ayune tênan | iku yèn nganti kêpencut | cilaka kêcêmplung nraka ||

30. môngka kanggo tata lair | aja widadari swarga | widadarine Bok Cècèk | wae wis padha kedanan | ya ngono apa ora | ora susah dhuwur-dhuwur | wetan kuwi wae iya ||

31. dicopote dadi mantri | jalaran mung kênèng godha | kasêngsêm Mas Jênge Mèndès | nganggo dhuwiting nagara | dianggo nguja-uja | saiki dhèwèke nglanthung | pangkate mantri wis ilang ||

32. malah dhèk biyèn disêpir | mulihe saka ukuman | ora bisa nyambut gawe | Mas Jêng Mèndès uwis ewa | marga wis ora kaya | hara priye pakne gêndhuk | saiki dadi tangisan ||

5. Mêgatruh

1. Pakne Glompong anyêndhu karo marêngut |

--- 33 ---

ah kowe kuwi Byang Cangik | wong lanang dadak diwuruk | ana uwong arêp rabi | dadak diwèhi pangilon ||

2. Nabi Adam Dasamuka Abimanyu | Êmpu Sêdhah Jaka Tingkir | Mangir Jobin Kadis Muluk | nganggo kon ngilo dèn mantri | hla nèk pêsthine wis ngono ||

3. ditangkisa nganggo gunung rangkêp sèwu | yèn pêsthine kaya kuwi | iya ora bisa mingkuh | cêkake wae saiki | kodhadhunga aku mêdhot ||

4. kopalangi iya sida mlumpat aku | adrêng lèhku arêp rabi | nèk kowe gêlêm dak wayuh | bacutna lèhmu ngladèni | dene yèn kowe mêksa moh ||

5. ora gêlêm dak wayuh ya sakarêpmu | apa kowe jaluk mulih | dak têrke suk kapan gêndhuk | dhasar rupamu saiki | uwis ora therok-therok ||

6. aku

--- 34 ---

ewa ngrungokake caturanmu | wong lanang kok dituturi | apa rumangsamu aku | ora duwe kawruh dakik | kumini kakehan obrol ||

7. mung grêgêtên aku mau barêng krungu | kandhamu sing akèh kuwi | ana uwong arêp wayuh | jêbul arêp dipalangi | priye gagasanmu mono ||

8. apa kowe sing ngingoni marang aku | hara akona naboki | tak ingêl-ingêl awakmu | klakon kowe mêngko mati | kocapa mau Byang Glompong ||

9. barêng wêruh sing lanang olèhe nêpsu | dirêmbugi malah muring | Byang Glompng atine kaku | saking pêpête ing ati | banjur jungkêl nèng paturon ||

10. ngungkêb-ungkêb karo nangis sênggruk-sênggruk | o alah yatalah Gusti | kaya mangkene awakku | ana uwong dirêmbugi |

--- 35 ---

pik-apikan têka ngono ||

11. malah uwong disiya-siya ditundhung | uwong arêp ditaboki | jamak têmên dupèh bagus | têka ora angèlingi | dhèk isih magang nèng jêro ||

12. gene jarik sing diênggo gantung kêpuh | klambi ora tau salin | banjur anakokke aku | lèhe mara wira-wiri | sasat direwangi kesod ||

13. bapak iya ora nyorohake aku | kono dhewe sing golèki | barêng wis kalakon aku | dadi mantèn lagi wingi | sandhanganku wis go tombok ||

14. balanjane têlung gelo ora cukup | bapak sibu sing nomboki | sabên sasine lumintu | kirimane bêras krambil | sasat ora tau towong ||

15. nganti têkan duwe balônja sêpuluh | ya isih mêsthi ngirimi |

--- 36 ---

barêng blônja wis rongpuluh | iya isih sok ngirimi | nanging barêng uwis jompo ||

16. ora bisa kêkirim ora jêjaluk | blanjane rada nyukupi | uwis têkan têlung puluh | dhèk isih blônja sathithik | nganti dak rewangi dodol ||

17. ora ketang kurang mangan kurang turu | awan-awan dak go bêngi | bêngi ora bisa turu | labêt olèhku prihatin | bisaa êndang dadi wong ||

18. saikine blônja uwis têlung puluh | anak-anak klimis-klimis | kabèh lêmu thipluk-thipluk | rada ayêm mênyang ati | jêbulane kaya ngono ||

19. ora kêna diantêpi pakne gêndhuk | tiwas lèhku ngrêrewangi | nganti mèh limalas taun | wiwit blônja mung sakêthip | saiki têkan sagelo ||

20. kaya ngene rasane

--- 37 ---

dadi wong busuk | ora bisa golèk dhuwit | pangan sing uwis kalêbu | nyang wêtêng diuwik-uwik | ora trima ngolok-olok ||

21. Bokne Glompong anake wadon sing turu | dikêkêp lan ditangisi | o alah ênggèr anakku | bêja têmên kowe Sumi | dene saiki si êmbok ||

22. apa bakal pisah karo kowe gêndhuk | bapakmu wêktu saiki | lagi arêp golèk ibu | sing ayu pintêr ngladèni | biyungmu sing wis bêkokrok ||

23. dingis-êngis disingkang-singkang ditundhung | wong wadon mung nyilakani | kowe aja mèlu pakmu | ya mèlua aku Sumi | wêlingku bae ya dhenok ||

24. yèn ngantia kowe klakon mèlu pakmu | pituturku wanti-wanti | jaluka sêkolah gêndhuk | cikbèn bisa pintêr thithik | najan [na...]

--- 38 ---

[...jan] tinampik ing bojo ||

25. bisa golèk pangan dhewe ora nunut | aja kaya aku iki | barêng wis êntèk bandhaku | sabên dina diunèni | yèn mangan diolok-olok ||

26. bok ya eling biyèn dhèk lagi kêtêmu | kandhane marêmke pikir | ora arêp mêgat mayuh | najan cilaka lan mukti | padha disôngga wong loro ||

27. jêbulane mung digo ngenaki rêmbug | lèhe arêp andhèdhèli | o Allah Gusti kang Agung | o bapak sing uwis mati | kula samang bêkta mawon ||

28. timbang dadi rôndha luwung mati aku | tuna têmên gonku urip | ora kanggo ing lakiku | gèr padha tangia gêlis | êmbokmu andhandhang layon ||

6. Dhandhanggula

1. Biyang Glompong olèhe anangis | klara-lara karo sambat-sambat |

--- 39 ---

bapa biyung lan anake | Bapakne Glompong krungu | ngrês atine nganti mèh nangis | tur nganggo ngundhat-undhat | barang kang wis klêbu | Pak Glompong rada klicutan | diwêlèhke wiwit dhèk blônja sakêthip | nganti têkan srupiyah ||

2. sèwu isin krungu lèhe muni | direwangi karo lara lapa | barêng wis ana bêgjane | rada lumrah wong banjur | arêp lali nganggo ngunèni | êndi sing arêp mêgat | êndi arêp mayuh | dadi Pak Glompong rumasa | ing sisipe sing wadon diarih-arih | dikon tangi digugah ||

3. o êmbokne kowe aja nangis | ra-orane yèn sida dak pêgat | mung digo sêmbranan bae | ora arêp dak wayuh | uwis trima bojo mung siji | kowe ora dak pêgat | aja nangis guguk | yèn [yè...]

--- 40 ---

[...n] kowe ora pracaya | dak sêpata lah enggal tangia dhisik | Byang Glompong pêgat-pêgat ||

4. sêpataa iya ora mandi | awit kowe wis gawemu cidra | Pak Glompong guyu jêgègès | tênan kok bokne gêndhuk | yèn goroha kandhaku iki | lah bok iya modar ta | yèn kowe dak wayuh | gêdhene nganti dak pêgat | uwis trima kowe wae bojo siji | ora arêp grênyangan ||

5. Bokne Glompong tangi mapan linggih | calathune alon nyang sing lanang | tak tuturi kowe pakne | kabèh wong wadon iku | padha wae rasaning ati | ya sanajana beda | yake mung sarambut | iku yèn wong wadon tênan | mulakêna besuk yèn aku dhisiki | dipundhut ing Pangeran ||

6. kandhanana anakmu [ana...]

--- 41 ---

[...kmu] Si Sumi | pawitane angèngèr wong lanang | dudu ayuning rupane | lan dudu bôndha iku | ati suci sing nomêr siji | bêkti marang wong lanang | nglakoni satuduh | atine ora slewengan | donya ngakir mung siji si guru laki | ora amangro tingal ||

7. ora lancang ora kumawani | aja dupèh sing lanang wis trêsna | banjur nganyih-anyih bae | kon eling yèn winêngku | kudu ora angangkrik-angkrik | wit nyatane wong lanang | beda wong saaku | wong lanang kuwi sing lumrah | sok ngènthèngke ora kêna diantêpi | upama ana sabab ||

8. mung sapele go dhadhakan muring | pêng-pêngane banjur arêp mêgat | iya dupèh diwênangke | mulane pakne gêndhuk | mung wêlingku sing ngati-ati | besuk aja tan ora | anakmu si gêndhuk | lêbokna [lêbo...]

--- 42 ---

[...kna] ing sêkolahan | yèn wis tuwa pama moh nglakoni laki | uwis duwe pawitan ||

9. kapintêran digo golèk dhuwit | sokur bage bisa omah-omah | ora kidhung ing uripe | jare sêkolah iku | diwuruki cara-caraning | wong wadon omah-omah | dimène ing besuk | yèn mêngkoni bale omah | uwis prigêl kabèh carane wis ngrêti | bojone ora gêla ||

10. wruh sing wadon cag-cêg sarwa trampil | uwis mêsthi yèn sing lanang bungah | dêlêng prigêling bojone | kabèh kandhaku iku | yèn diturut lan dilakoni | ra-orane dipêgat | utawa diwayuh | awit lugune wong lanang | yèn sing wadon katone amêmalad sih | runtuh atine trêsna ||

11. kaya kae dara bèi mantri | dhasar

--- 43 ---

dara pyayi brêgas cakrak | garwane kaya Byang Jablog | irêng kusi tur wungkuk | burik cêkrik rambute thithik | suprandene sing lanang | trêsna asih lulut | aku mrêlokake mrana | arêp wêruh sababe ênggone asih | layak kaya mêngkana ||

12. bangêt têmên anggone ngajèni | nyang kakunge ora ngungkak krama | ngatase bojo wis suwe | tatakramane têrus | ing sapangrèh amung nglakoni | ora tau gumampang | alon yèn calathu | ngirih-irih ngarah-arah | yèn calathu ora tau sêngal-sêngil | ulate sumèh bingar ||

13. lagi enak-enak gunêm pikir | nèng nèng nèng nèng Pak Glompong anjingkat | e e wis esuk êmbokne | wis aku arêp turu | mundhak krinan sesuk le tangi | Pak

--- 44 ---

Glompong banjur glimpang | sadhela wis turu | Pak Glompong ngorok sênggoran | Biyang Glompong isih tansah klisak-klisik | grêgêtên nyang sing lanang ||

Tamat

--- [0] ---

Isinipun.

... kaca

Gambuh ... 3

Sinom ... 8

Kinanthi ... 18

Asmaradana ... 24

Mêgatruh ... 32

Dhandhanggula ... 38

--- [0] ---

...

--- [0] ---

...

--- [0] ---

...