Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kancil Kridhamartana, Tanaya, 1959, #126 (Jilid 1)

Katalog:Kancil Kridhamartana, Tanaya, 1959, #126
Sambung:
1.Kancil Kridhamartana, Tanaya, 1959, #126 (Jilid 1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1132.
2.Kancil Kridhamartana, Tanaya, 1959, #126 (Jilid 2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1133.
3.Kancil Kridhamartana, Tanaya, 1959, #126 (Jilid 3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1134.

Bagiyan saking kalêmpakaning pinanggihipun sêrat-sêrat ingkang sumbêr aslinipun sakawit saking gêgubahanipun ingkang pinudyasma Radèn Panji Natarata ing ngajêng Panji Dhistrik Ngijon Ngayugyakarta, lajêng salin nama Radèn Sasrawijaya.

A KANCIL KRIDHAMATANAKRIDHAMARTANA.

Bagiyan I Kawitan.

--- 1 : [0] ---

KANCIL KRIDHAMARTANA

Anggitane Radèn Panji Natarata ing ngarêp Panji Dhistrik Ngijon Ngayugyakarta, banjur salin nama Radèn Sasrawijaya Ngayugyakarta.

Saka sastra Jawa kasalinan sastra Latin dening R. Tanaya.

Têdhakan Almanak H. Buning, Yogya

Taun Masèhi 1909 - 1910 - 1911.

--- 1 : [0] ---

Sandi Asma: ing Bêbukaning Pangikêt Gita: Radèn Panji Sasrawijaya ing Ngayugyakarta ingkang mangikêt gita, sampun kaêsahakên dhatêng para paramèng kawi Kangjêng Pangeran Sasraningrat kalih Ki Padmasusastra tiga Radèn Pancakrêtarta sami siswotama.

Carita: Pralambang ulah-bawaning ngaurip ing nusa Jawa, sajroning jaman Angkara Murka, kang kapetung wiwit tumapake ing taun Sangkala: sirna wuk pandhita ji: 1700.

Tamat pangêcape: Sampun tamat caritaning Kancil, dintên Sêtu Kliwon, Mulud WauWawu. pitulas tanggale, angka sèwu wolung atus tuwin, kawan dasa siki (1841), ing pangêcapipun. (Taun Masèhi 1911).

Almanak H. Buning, Yogya.

--- 1 : [0] ---

ISI BUKU IKI

... Kaca:

Bêbukaning Pangikêt Gita ... 1

Nusa Jawa nalika jaman Kitrah ... 2

Jamane Ratu Agung ing 'Ajam Kangjêng Nabi Suleman ... 2

Masa panas ora ana udan ... 3

Kêbo kang lagi nandhang papa ... 4

Macan mitulungi pangan marang Kêbo ... 5

Macan nagih kabêcikan marang Kêbo ... 8

Kêbo kêpêksa nanggulang Macan ... 16

Kêbo njaluk tulung marang Mênjangan ... 17

Kêbo njaluk pitulungane Kuwuk ... 19

Kênthus kang ambêk sarjana linuwih ... 20

Kêbo kairid kalantarake Kuwuk anjaluk pitulungane Kênthus ... 22

Macan anglacak paraning Kêbo ... 23

Prakarane Macan karo Kêbo dirampungi Kênthus ... 24

Macan dibombong Kuwuk murih bali ngayoni Kênthus lan Kêbo ... 29

Wêdhus Prucul wadon ing tanah Atasangin ... 32

Wêdhus Prucul dhaup karo Kênthus ... 34

Wêdhus Prucul anggarbini ... 35

Kênthus arêp muksa nganti tumêka ing janjine ... 36

Laire Sang Kancil ... 38

Kancil wis ngancik diwasa ... 39

Kancil lêledhang mrangguli Keyong ... 40

Kancil bangêt angerang-erang marang Keyong ... 41

Keyong tuwuh pambudine nêdya ngasorake Kancil ... 42

Kancil katêmahan kasor dening kawicaksananing Keyong ... 44

Kancil anggêguru marang Keyong ... 46

--- 1 : [0] ---

... Kaca:

'Ilmu wêwêjangane Keyong marang Kancil Bab kalakuwan lan pangampahing napsu ... 47

Wêwêdharaning Kauripan ing kene kana ... 50

Kancil karo wong tani aran Sutatruna ... 63

Kancil karo Asu ... 74

Kancil karo Gajah ... 83

Gajah minta lan tampa pitutur 'ilmu wêjangane Kancil ... 90

Sambunge kamot ing Bagiyan Têngahan

--- 1 : [1] ---

Bêbukaning pangikêt gita

1. Dhandhanggula

1. paraning kang sêkar sarkara mrih | dènirarda mamring sinêmbadan | pantaraning rèh sakèhe | jinodho mring pakantuk | saanane woyatawiyata. jati | srananing pangawikan | wijiling cipta nung | jagad traya kaebêkan | yayah kadi angganing brêmara ngrêngih | ing maduning kusuma ||

2. ngawikani wadhahing wêwadi | yogya tama taman tumuwuha | gya ugêrên rambatane | karsa sêrêng sinêrung | tatalining kawula Gusti | ing ari kailangan | kang kinêkêr amung | mapating turida brata | ngêngirangi ruwêt pandoming dumadi | kêtir-kêtir katrêsan ||

3. giyuhing tyas sêsêg saya rujit | tatayuhe tumibèng bêbaya | sambekalane kêlalèn | pundi margane ayu | kayuwanan tindak utami | hêmar amring ama |Kurang satu suku kata: hemar amaring ama. sah saking sêsiku | anglirwakkên parikrama | kêni sambang rapêt nir wiweka wêrit | dhadhakan warna-warna ||

4. tênggêl-tumênggêl gigal amrêgil | pêpalange gung kapêlak-pêlak | rame ruhara arongèh | parusa sêsêg purun | rawat hawa awawan angling | mènggal dadi dêdalan | kadadyaning dudu | wikan wusing kalampahan | kang kadyèku upadinên dèn kapanggih | jênggan lamun tan wikan ||

5. pangèsthine arahên dèn ririh | ngeman-eman manah manohara | ranku ring ngrat saindênge | sayuk sadaya suyut | srayaning rèh mangka pangarih | ninging cipta utama | ngrat Jawa kawêngku | kadi duk ing jaman kuna | lih-olihan Panêmbahan Senapati | kinondhang-kondhang ing rat ||

6. padmasana kênèng saking aris | Maharaja Jêng Sultan ing Pajang | supêg rupêg panggalihe | sasmitaning Hyang Agung | trajunira para bupati | tiniti tanpa tatal | gagah tanpa tangguh | rarêmpon mung sapanginang | dèn gêgila giras anggêrus kang baris | ponthal-ponthal kabandhang ||

--- 1 : 2 ---

7. cacad agêng jênênging narpati | krêtarta tama duk timurira | tarpa tilas toging gawe | tangèh tuwuhing bêndu | sasat sisa sinêsêg wani | mirut marang Têmbayat | siswa gung kaplayu | wolung sinambêring sata | tangèh kiwul kawawale rontang-ranting | mabonglot sing palagan ||

Nusa Jawa nalika jaman Kitrah

8. sigêgên kang carita ginupit | masa kalane ing jaman Kitrah | nusa Jawa santerone | kewan wana sadarum | isinira mawarni-warni | maksih arang manusa | kèh kewan wana gung | bangkit tata silèng janma | wus pinasthi karsaning sifatu'lrakhim | akèh kewan swagnyana ||

9. baut sastra aparamèng kawi | Jawa 'Arab linantih ginulang | gunadika sêktikane | putus mangulah junun | agamaning Hyang maratani | ginêlarkên nèng kewan | samana anuju | ing 'ajam kang madêg nata | Jêng Suleman Maliku'lbalad ing Mêsir | juru slameting dunya ||

Jamane Ratu Agung ing 'Ajam Kangjêng Nabi Suleman

10. ratu agung sila krama niti | putus saliring basa samoha | basukyagêng darajade | têntrêm arjaning kratun | sakurêbing antariksa di | salumahing bawana | kutu-kutu suyud | dalah jin pêri manusa | kabèh-kabèh wêdyasih birawèng Gusti | marma sadaya kewan ||

11. arêraton patraping utami | kabèh kewan mèh nggulang kadibyan | ing gunasti pangatase | karardining tumuwuh | nuksmèng tama ing agal alit | ulah kridhaning jagad | swarjananing idhup | ing kawruh murti widagda | kasusastran basukine dèn kawruhi | kaya ta ywa karana ||

12. bausastra dèn ajar tiniti | kitab Kuran Palak Palakiyah | khukum anggêr sasamine | pangajaraning kawruh | buku-buku ananing bumi | wus dilalah karsèng dzat | kang wajibu'lwujud | tumitah ing jaman Kitrah | kabèh kewan putus saliring pakarti | kinarya lêlampahan ||

--- 1 : 3 ---

Masa panas ora ana udan

13. ya ta ingkang jinêjêr ing kawi | samana Hyang Kang Murbèng Buwana | nitahkên kaelokane | tan anurunakên truh | amung panas ing masa Katri | tan ana kamurahan | antuk sangang tèngsu | sukêt taru lata sirna | glagah tuwin alang-alang lir kabasmi | bebas trapas baranang ||

14. ampak-ampak blêdug mawor angin | tumêmpuh karang kirna binangsa | sindhung riwut tanpa lèrèn | mandira wrêksèng gunung | sirna larut tan ana kari | kang maksih sawatara | ing jurang myang trêjung | nanging sungil trêbis parang | sato datan bisa manjing ngupa bukti | wit bêbênduning Suksma ||

15. sumbêr sumur kali kalèn bêlik | bangawan rawa talaga asat | tan ana banyu satètès | sagung kewan angungun | nrantang njutung putêk anangis | samya nêkung munajad | lunturing sih tumrun | salat istika nora sah | nanging maksa tan ana parmaning Widhi | sangsara saya arda ||

16. kabèh sato priyèstri gêng alit | manjrit sumiyang swarèng karuna | nyinta kiyamat têkane | mangkana sambatipun | Subkan Allah kang sifat Basir | kadipundi kawula | tan bukti myang nginum | yèn tan pinaringan pangan | luhung tuwan muguta uswamba sami | gêsang dahat sangsara ||

17. èstu datan sagêd anglampahi | ngluhurakên asmaning Pangeran | wit lêsah jiwaragane | kêkuwataning khayun | saha khayat saking rijêki | puji dikir lan dunga | saking dayanipun | pangan pêpancèning gêsang | punapa ta Gusti anyidrani dalil | Kuran kang kabyawara ||

18. wus kawêntar midrawa ing bumi | pangandikaning Allah Ta'ala | makatên lafal unine | wa amamin dabatun | wa pil arli illa ngallihi | muradipun kang komram | sawarnaning wujud | kang gumrêmêt mêngku khayat | atas saking kodrating Hyang Maha Sukci | rijêki pinaringan ||

--- 1 : 4 ---

19. mangka sampun tita ing watawis | lami tan wontên turuning jawah | kang nyukulkên ron-ronane | rijêkyamba sadarum | pikuwating pujarjèng Gusti | yèn makatêna tuwan | yun ngrusak karatun | inggih karatoning tuwan | ingkang tanpa wiwitan langgêng dumadi | kang tan ngalap wusana ||

Kêbo kang lagi nandhang papa

20. duk samana durung amarêngi | tibaning sih mring kapapa cinta | ya ta kang cinritakake | pinèt purwa witipun | wontên juga Maesa Bothi | jalu nom abirawa | santosa liripun | rêspati dêdêg prakosa | lagya nandhang papa kataman ing gêring | sabab dahat kasrakat ||

21. sampun catur dasa ri ngrêrintih | anèng ngisor wit sêmpu ngalemprak | gagra kusika daging ntèk | swara srêt usadèng luh | lir tinuras raine ngrungih | lir sundar katyub barat | sulap kang pandulu | mobah molah malik molak | sêsambate adhuh jawataning Widhi | pun Bothi binanjuta ||

22. tan kuwawi amba ngrakêt urip | sêsikuning Hyang ingkang dhumawah | luhung pinêcata mangke | dhuh Gustiku kang Agung | dene amba puniki urip | sababipun punapa | tan boga tan minum | mangka pikêkahing gêsang | gurung asat satètès datanpa warih | tan kirang lêlantaran ||

23. kodrating Hyang kang bi la alatin | wus gumêlar tandha kasatmata | dene makatên ing mangke | catur dasa ri sampun | ingoncatan punang rijêki | tan kirang lêlantaran | kodrating Hyang Agung | ngluhurkên dikiru'lakmal | asmaning dzat saking pangan kang nguwati | ing sifat kalih dasa ||

24. karya muji ngêningakên budi | nyuwun kawlasan sihing Pangeran | uluhiyah jro ciptane | nanging tan sagêd mungkul | tan tumêmên kêcaping puji | jalaran gondhang asat | wêtêng asuwung blung | makatên rèh kêmlaratan | yèn nênuwun cak-cèk tan sagêd ngantêpi | kawarnaa samana ||

--- 1 : 5 ---

Macan mitulungi pangan marang Kêbo

25. Maesa wus pasrah marang tauhidDibaca: tokhid (dan di tempat lain). | kocapa kusumèng wanawasa | Macan Gembong panêngrane | santosa birawa nung | maksih anom kukunya lungit | radha angapurancang | tutuk mangah murub | netra lir baskara kêmbar | lumampah nèng alang-alangan tan kèksi | marma miris pra kewan ||

26. samana mong marêngi kuliling | wana-wana amirêng suwara | tangis ngisor sêmpu nggone | tiniling saya ngruntuh | manjing karna tangi kang budi | wêlas mring kang udrasa | sanadyan durung wruh | warnanira kang karuna | amrêpêki sor sêmpu kagyat mangèksi | mring wujuding Maesa ||

27. angalemprak tinup lalêr wilis | wus tan pisan-pisan sifat mesa | Sardula têtannya age | ririh dènira muwus | paran baya Kêbo sirèki | wus lawas watarèngwang | kadulu ngalumpruk | wandanta sawang kunarpa | analangsa ngumbar swara nggèndèngnggèndhèng (dan di tempat lain). pikir | kang nglunturkên kawlasan ||

28. danuka sumambung angrêrintih | hèh mitrèngsun kang sudibyèng wana | sira takon ing purwane | sun anèng ngisor sêmpu | uwis kawan dasa ri tampi | bêbênduning Hyang Suksma | kêlantih ragèngsun | tan boga tan ngombe ingwang | kinacèk lan sapêpadhaning dumadi | tinup lara sêngkala ||

29. masa iki nadyan kurang warih | larang rijêki cagaking gêsang | nanging mung awakku dhewe | kang tan antuk pitulung | siksaning Hyang ingkang ngrakêti | kaluwèn ngêlih ngêlak | sun tan bisa sung wruh | wit padha nglakoni sira | Gembong wêlas ing nala rumasa sami | sasamaning ngagêsang ||

30. wajib lamun mahyakakên asih | supaya mblabara samèng titah | wusana mong panabdane | dhuh Maesa kalamun | ana ingkang têtulung asih | awèh lantaran gêsang | srana rijêkimu | banyu sarta taru lata | mikuwati dadi sêsambunging urip | punagimu punapa ||

--- 1 : 6 ---

2. Asmaradana

1. kasmaran Kêbo miyarsi | dahat asrêping tyasira | antuk apuraning Manon | mêtu wasitaning Sima | boci alon manabda | krêpana manuhara rum | adhuh Sardula sing sapa ||

2. têtulung kuripan mami | nambak pralayèngsun mangkya | kang uwis laya mangkene | paribasane wong kuna | nganti kambanging sela | silêming parau gabus | iku dununging ragèngwang ||

3. têgêse dahat mustakil | kang kaya awak sun macan | yèn nêmuwa urip manèh | sabab badanku wus lêsah | sanadyan ana pangan | sun kira tan bisa klêbu | rèh gurung asat kewala ||

4. ewa sêmono manawi | rijêki kalawan toya | bêbarêngan têkèng kene | sun kira ni'mat munfa'at | tumamèng wandaningwang | èstu yèn bisa kalêbu | nanging sun kira tan ana ||

5. ana banyu saka ngêndi | prasan atiku lor wetan | kidul kulon kali kalèn | sumbêr bêlik rawa asat | paran derantuk tirta | kêsari sumambung wuwus | bab iku ingsun kaduga ||

6. mung paran kang dadi jangji | Maesa alon manabda | prakarèku mung rumojong | manut mituruting karsa | aja kang têkèng lara | nadyan rêmuk dadi glêpung | sarambut pinara sasra ||

7. prabatapi mandayagni | tumêmpuh masa mirisa | bote sinambung uripe | kang sarta nambahi nyawa | lah kayaparan Sima | nglairna budi rahayu | dadya tandhaning susêtya ||

8. tuhu mêmitran lan mami | dunya akhir ayya pisah | dene yèn sira ing têmbe | katêmpuh ing pringgabaya | kêsari sun alangna | lakuning tulung-tinulung | mamrih basukining gesang ||

9. lairna ciptanta mangkin | tumibèng sih kawêlasan | prasasat malaku'lmaot | 'Ijrail angejawantah | tumurun nyambung nyawa | sèwu yuta panrimèngsun | suka sukur ring Hyang Suksma ||

10. Sardula wus anyaguhi | sigra wisata ngupaya | lata ron tilarsa drèngès | têbih watawis sangsang pal | wusnyantuk kinum toya | kèhe watara rong panggul | ngrênggunuk ijo ngrêmbaka ||

11. tan dangu lampahnya prapti | ngisor sêmpu nggoning Mesa | dèn brukkên anèng ngarsane | danuka njêngêr duk mulat | lata drèngès tilarsa | asrêping tyas suka sukur | dahat suka marwatatma ||

--- 1 : 7 ---

12. manêmbah sujud Sang Bothi | ing ron kang wus kinum toya | saha matur mring arimong | adhuh singaning Nèdêrlan | nglêngkara tamarjanta | satus kêthi amba nuwun | pintên banggi dintên benjang ||

13. kula tur walês nyamèni | saking darma marta tuwan | tan langkung amung sumendhe | atas karsaning dzat mulya | kang tan klimput ing lêmbat | ngalimun bidatis sudur | ngawruhi krêntêking dhadha ||

14. samana ron wus binukti | tanggap rasa gêtih tampa | sanalika netyanyajèr | sêgêr sumrah midrèng jiwa | lumpuh pêgêl mar sirna | dahat ni'mat sêsêk sêngkut | tan siwah janma lan kewan ||

15. larang pangan bêras pari | sêga bêras sêpur doyan | kalane kêlantih Kêbo | alang-alang garing doyan | kleyang kewala doyan | kang mangka mangke Andanu | mangan taruturu. kinum toya ||

16. antara ron tilarsa nting | Sima têrang ing paningal | nulya wisata ge-age | ngupaya maning rambanan | kang anèng têpi jurang | sadarpa sungil nggonipun | watarantuk nêm bopongan ||

17. sinunggi mring narmada glis | subadya cangcut tandangnya | dèn brukkên samadyaning we | sasampunira ingêntas | binakta wisatenggal | binrukkên ing ngarsanipun | Bothi tambah sukèng driya ||

18. alon matur èsmu tangis | marang risang budi darma | adhuh Sardula wong salèh | sèwu yuta panrimamba | nanging panuwun amba | mugi kang pracayèng laku | srahna dzat ingkang murwèng rat ||

19. ywa mamung tindak kang yukti | wahyaning 'alam susila | kadarmanta kang lumèbèr | atas sadu parikrama | nyrambahi sasirambasariramba. | ngalangi pêdhoting umur | marma sampun wancak driya ||

20. Suksma tan klimput ing gaib | ngodrat kalam bangkit molah | saking karsaning Hyang Manon | nulisi sagung klakuan | awon sae sinêrat | kang kadi paduka èstu | anèng lokh-makful têtela ||

21. warah jêroning 'Akaid | 'amal sapi naptun napsa | liripun klakuan sae | dados prauning sarira | kapanggih ing sakarat | wêwalês tikêl ping satus | atasing basuki tama ||

--- 1 : 8 ---

22. nulya kang sukêt binukti | dupi kari sawatara | trangginas kêsari age | ngupaya malih rambanan | kang sampun mawa toya | sadina ajêg ping têlu | mangkono prawirèng wagra ||

23. wusing watara sapta ri | rinangsum ping tri sadina | saha solan-salin godhong | Sima sangsaya sihira | kongsi nyolong lung tela | lêmbayung rèndèng ron jagung | darbèking janma padesan ||

24. awit katarik trêsna sih | dènnya mèt pawong sudara | lir tunggal yayah renane | tan kêna bênggang sarema | nir subasitanira | rina wêngi tunggal turu | samana alama-lama ||

25. danuka wus lêmu gêmbil | rèhning datan kêkurangan | waluya waras wus pulèh | tambah praptèng masa Sitra | ngrêcèh larabing wrêsa | cukulan ing wana tuwuh | warata satanah Jawa ||

26. Maesa wimbuh respati | santosa lêmu dagingnya | sampil punuk mendhol-mendhol | gêng luhur yayah prabata | klimis alus araras | sungu kupêng muka capu | netrane sumurat darah ||

27. tracak lantas kikil trincing | kulit tipis wulu ngawat | dhasar lamus sêmu ijo | jangga gêng pranaja jêmbar | buntut mêrit tur panjang | badan gilig wêtêng dhadhut | kuwat sakti dibyèng kara ||

28. Sima miyat pasthi giris | kagum katuwawèng nendra | pantês linêbokkên konggrès | têntonsêtêling Hindhiya | yakti antuk ganjaran | apêse mêdhali prunggu | Mesa kang kadya mangkana ||

Macan nagih kabêcikan marang Kêbo

3. Dhandhanggula

1. lir sarkara dènnya mitran sami | Sardula Gembong lawan Danuka | wuwusên arimong mangke | mulih ring wismanipun | dupi praptèng panti ngupadi | mêmangsan yun minangsa | takdiring Hyang Agung | waktu samana tan daya | njangkah tuna nubruk luput kongsi la'if | sunya tan antuk mangsan ||

2. lir kiniyas rijêkining dèbi | kidang saha manjangan andhapan | kadhal kodhok luwak rase | sapta ari tan mangguh | dahat luwe koncatan bukti | Macan Gembong kla'ifan | putêg pêtêng tambuh |

--- 1 : 9 ---

kontrang-kantringan kewala | ngalor ngidul ngetan ngulon datan manggih | nulyèngêt kang wardaya ||

3. ngunandika e lo tobil lali | ingsun dene wus potang katamankotaman. | rijêki mring Kêbo biyèn | drèngès lung tilarsa gung | taru lata maneka warni | adoh panggonanira | lawas tanpa petung | wirang isin ingsun têmah | sabên dina nyunggèni mbrêngkut lir glidhig | saking yun budyatama ||

4. tamèng gêsang têtulung sasami | supayane têmbe antuk pahlal | wêwalêsan sapantêse | mangkya Kêbo wus lêmu | ulur kisi punuke nggajih | lantaran saka ingwang | pikuwating rangsum | lumintu ing sabên dina | rèhning mêngko sun tuna ngupa rijêki | kendran barang mêmangsan ||

5. ingsun minta kawlasaning Bothi | kang supaya nandhani katrêsnan | wajibing mitra gêgêntèn | rèh sun kêpêtêk butuh | dahat luwe cape ing jisim | ingsun jaluke coba | punuke Andanu | saparo kewala mangkya | nadyan kabèh sun kira tan malarati | wit adoh lawan nyawa ||

6. nguni dhasar wus darbe punagi | ri kalane kataman sangsara | sing sapa kang marasake | yun mituhu satuduh | karsanira kang tumulung sih | tan pisan kumêdhapa | saguhe rumuhun | lah coba ingsun kêpanggya | Macan Gembong wisata tan dangu prapti | pinanggih lan Maesa ||

7. wusing tatakramaning basuki | silaning kaanan titah gêsang | tan siwah 'adat sabêne | nulya mong nabda arum | mring danuka praptèngsun iki | tan katêmu wus lawas | yun wruh krahayonmu | kapindhone minta wêlas | marang sira gêntènan wong anèng bumi | wênang palar-pinalar ||

8. ingsun uwis sapta ri tan bukti | midêr wana ngupaya tan daya | wahyakna wêlasmu mangke | iki mitranta lêsu | kendran pangan sira kang wajib | lamun dhangan ing karsa | punukmu puniku | wus sun timbang kaya nora | mêlarati rèhning punukira Bothi | adoh lan dalan nyawa ||

--- 1 : 10 ---

9. mangka punuk ingsun kang murwani | sun rambankên ron drèngès tilarsa | sukêt banyu ron-ronane | nêmahi daging lêmu | anglêngguruk punukmu nggajih | mangkya wus kyat santosa | saking kadarmanku | luwar saka kasangsaran | marma aja selak pamintaku uwis | bênêring tatakrama ||

10. ujaring dalil kalamu'llahi | wong kang potang 'amal rila eklas | tikêl satus wêwalêse | kang mangka pamintèngsun | muhung trima punuk sapalih | karya cagaking gêsang | ywa selak Andanu | aja madyèng ubaya | Gusti Allah kang sifat Rahmani'rrakim | murah dunya sih khirat ||

11. Mesa Bothi kumêpyur ing ati | lir glas krestal kêmprang tibèng srasah | mêstèr ingkang mawa sêmèn | nglong cipta srira kumyus | kètès-kètès swanita mijil | tri pandurat tan nabda | njêtung pungun-pungun | tungtunging nala narantang | ringa-ringa lêsah lir pendah wong ngimpi | sulap pangèksinira ||

12. amarlupa nir bayunirèki | cakraning wardaya cipta ilang | kadya kênganglangan tyase | wusananing panggayuh | gayuh-gayuh wangsulan ririh | mring Sima ngarah-arah | manuhara arum | dhuh dèbi aja mangkana | dudu padon sira mundhut gêtih daging | kang tumèmpèl ing badan ||

13. sèwu tangèh sun ulungna dèbi | rèh sun datan jangji lawan sira | awèh daging punuk priye | prasêtyèngsun mung tanggung | nanggulangi satru jayasti | kang sun saguhi macan | têmpuh ing pakewuh | prabatapi tasik wangwa | têkèng lara nadyan tumêkaning pati | tan nêdyoncat sakeswa ||

14. liya iku tan darbe punagi | ingkang kadya pamintamu Macan | iku nêdya karya dede | yèn mangkono sirèku | wong têtulung têmah mênthungi | pati dèn nggo dolanan | mung siji uripku | tan duwe urip padinan | yèn anaa pamèrane bae gampil | rèh sira mitraningwang ||

15. lah elinga ywa tindak tan yukti | kayaparan Macan karêpira | landradên atimu dhewe | tan gampang culing wuwus | kudu nganggo

--- 1 : 11 ---

tinimbang dhisik | jroning atimu ana | rêmbug bênêr luput | ajara budi kraharjan | potang pangan èstune anagih bukti | karya anyaur karya ||

16. rajabrana tuwin guru dadi | bayar arta sapira ing rêga | mirit sapira bobote | bobot utawa traju | karya nimbang amrih satiti | yèku lakuning potang | mangka sira njaluk | punuk arsa sira mangsa | ingkang ora wicaramu wani-wani | manut pikir tan arja ||

17. lah trajunên kêcapirèng lathi | ywa kawahya yèn durung têtela | timbangên bênêr lupute | saking prasan atiku | lèhmu nganggo cangkêm wus lami | de cule kongsi salah | têmah murang laku | ngrusak pranataning gêsang | kaya priye wicara lèhmu mbalèni | kagyat dèbi swardana ||

18. pasrangkara aja kumawasis | lungiding sabda mung amrih murka | iku dudu sabênêre | ngatokakên tyas palsu | mracihnani budi pranatis | katêmu nurut êmpyak | sajatine punggung | ê lo kojur raganingwang | wong têtulung têmahan pinênthung linggis | awit alaning sanak ||

19. lah ta mara ling-elingên Bothi | durung klingga nata dalu warsa | maksih katara tilase | nguni nyarah satuduh | ing wong ingkang gêlêm nulungi | ilange cintrakanta | mangke mungkir mungkur | mara age katokêna | dudu gêni sagara banyu bae wis | danuka gêbyurana ||

20. Kêbo nulya sumambung mlasasih | dhuh Sardula aja klèru tampa | nora mangkono patrape | nanggulang satru mungsuh | sun pamèkkên samudra agni | rêmuk kasawurêna | srah jiwaragaku | wruhanira nora ana | mandayagni prabatapi mung upami | dhasar yèn mula ana ||

21. pawakardi yun nêmpuh sirèki | ywa sandea sun dhisik pralaya | lah êndi Macan rupane | jamunapi kang magut | dene nganggo mêlèhkên jangji | san atiku wus tuwa | mong akèh umurmu | dene tan wêruh pralambang | lah ngajia Macan pasêmon kang lungit | supaya wruh utama ||

--- 1 : 12 ---

22. Macan Gembong alon nambung angling | iya bênêr Kêbo wuwusira | sagara gêni pasmone | têgêse kang puniku | bab bêbaya pakewuh mami | sira kang wani malang | mring sun atêtulung | sèwu sukur nêdha nrima | nora sida sun minta punukmu Bothi | yèn nyata tuhu sêtya ||

23. kabênêran bangêt anujoni | uwis tigang dasa ri punika | sun pancakara katitèh | lan mong lorèk dibya nung | tan kawawa sun mungsuh jurit | wit sura sakti guna | prawira pinunjul | sasat Hyang Bathara Kala | ngapurancang radha catur ngilat thathit | ingsun murut ngendrarsa ||

24. minta tulung marang sira Bothi | sun karya srana lêliru lambang | campuh ing bandawalage | nanging pangiraningsun | tan kuwawa sira ngalangi | marma sun panggya sira | datan minta tulung | amung klantihe ragèngwang | ambêbana punukmu ingkang sapalih | iku daging mirungga ||

25. kaya nora tumêkaning pati | rèhning adoh lan dalaning napas | sira mopo wusanane | saguh dadya têtanggul | lamun baya pakewuh prapti | kapasang yogya bagya | ontunge ragèngsun | sanadyan mati tan mangan | nanging nora pinatènan lorèk dèbi | kang mangkono tyas tama ||

26. sira saguh angalang-alangi | lah ta payo sun tuduhkên sira | panggonane Macan Lorèk | kang karya dudu mring sun | Kêbo dupi miyarsa angling | Gembong ingkang mangkana | pucêt netya murut | kêju ndharêdhêg kumêsar | nar-ênaran bunaring tyas tis-tis atis | sirna dayaning gêsang ||

27. gèdhèg-gèdhèg judhêging pamikir | ing wusana nyanggêmi jangjinya | manjing marang samudra we | mangkono wong kasusu | dhasar bodho kaburu ngisin | kêsari sabdanira | hèh ta Kêbo bagus | nanging sun pasthèkkên sira | nora klakon ewa samono sun irid | mlakua wuriningwang ||

28. wisata lon arimba nèng ngarsi | Maesa tut wuri wancak driya | satus yuta bingung tyase | rèhning mong ambêk punggung | ciptèng

--- 1 : 13 ---

Kêbo tan wurung mati | rinoda ripu paksa | ya sapuluh-puluh | mati mringkus lan margagah | yogya panggah saguh tumêmpuh ing jurit | ya saajanging ajang ||

29. abote wong nêdya luru urip | datan dangu karweka tumêka | tirahing samudra jèjèr | Sima nolih Andanu | asru nabda payo dèn aglis | nggêbyura mring samudra | ngatokna panggahmu | tan susah sagara wangwa | banyu bae yèn nyata wani ngantêpi | mirib punaginira ||

4. Sinom

1. rèhning tyas mudha sru kewran | Kêbo saking dahat miris | sumêlang wêngkuning gêsang | malêlêng netyasmu isin | sêdhih kaworan ajrih | kêbutuh nglakoni saguh | gugup akêdandapan | kawêlèh-wêlèh ing jangji | nalarira kasor sawuwuse salah ||

2. mangkono yèn wus kajibah | kasaguhan kang kawijil | tanpa duga lan watara | yèku siratalmustakim | kaplèsèt tibèng trêbis | yèku wiyosirèng tutuk | wuwus kang tanpa duga | dene artining mustakim | bênêr lêmpêng lunyune kagila-gila ||

3. iku caturing manusa | ingkang nora dèn ijêpi | lir talang sèng tadhah udan | gumrojog wutahing warih | wêweka wadi-wadi | tan pinikir wêtunipun | nanging iku wus lumrah | wong kasusahan anangis | njaluk tulung ngêsrahake pêjah gêsang ||

4. kusung-kusung minta wêlas | mêlasasih ngasih-asih | panangise amangarah | he sagung sarjana murti | têrangna kang satiti | mungguh surasèng pituduh | têpa lupya Maesa | sugih miskin ingkang nganggit | umanjinga puating sanubarinta ||

5. arimba pasrangkaranya | ngèsi-èsi saha wêngis | he durcara malêbua | sun tonton antêpmu bothi | miriba bae mangkin | kasaguhanta ing dangu | tandhane tuhu sêtya | ngantêpi kêdaling lathi | sun pasthèkkên sira masa ngungkirana ||

6. jamake ingsun arimba | satriya tamèng dumadi | sarambut tan nyuda sêtya | aja kang wus dèn bêciki | lagya têpung bae wis | wani toh jiwaragaku | apa sirarda dama | Maesa sumaur bêcik | sigra-sigra gumahas nggêbyur samudra ||

--- 1 : 14 ---

7. lumembak ngêlangi nglangak | nêmpuh trunaning udadi | anjagêdhêg nolih wuntat | sumêlanging nyawa gingsir | yèn oncat saking jisim | ciptèng Kêbo adhuh-adhuh | iki bêbaya apa | dene dahat mêrês budi | yèn mangkono prayoga mêntas kewala ||

8. yèn sun cacaka kang toya | mangidule tanpa têpi | nêm cêngkal kewala sida | warêg banyu anêmahi | pati datan patitis | ginawa Jêng Ratu Kidul | kalap ing panasaran | mati ping pindho kaping tri | utamane sun bali nanggulang Sima ||

9. yèn pralayaa sun asap | nulya bali marang gisik | marêki unggyaning Sima | muka konjêm ing pratiwi | pasang wêlas minta sih | Kêbo mangkana kang wuwus | dhuh Sang Maha Widagda | maaf sambutan kulèsthi | nyuwun inah sadalêming kawan dina ||

10. yèn sampun praptèng sêmaya | kawula ngaturi uning | katêranganing sambutan | sadasa lah kadipundi | Sardula nabda wêngis | Kêbo sira murang laku | dhustha kartining gêsang | kelasèng rat glahing bumi | nora bêcik anglêbur silaning krama ||

11. utang pangan sambung nyawa | wirang isin sun labuhi | kalakon nyunggi ron-ronan | mung iku sajêgku urip | ing mêngko têmah dadi | rubeda wit kacidranan | la dalah apa ora | saiki saguhmu enting | wus têtela sirèku ngrusak planggêran ||

12. Kêbo mangke wruhanira | sun rodapaksa sun bistik | punukmu saparo iya | wus kêri untuku ngèksi | ginorèng pasthi gurih | yèn panggah tokna budimu | manawa arsa têrang | mring dibyèngsun jayèng jurit | sajatine sun 'Ijrail ngejawantah ||

13. nagih potang marang sira | ingungkiran têmah dadi | padudon atasing dunya | sira wong utang rijêki | panas prih sun lakoni | wêkasan mung nyaur wuwus | tan ana êntèkira | têmbung ngonggrong murih aris | nora daya iku dudu bênêrira ||

14. rijêki padhane arta | tan kêna dèn mêmanisi | tansah saking alêmbana | yeka jatining pranatis | swara ngrêgêdi kuping | yèn sirarsa nyaur wuwus | yaktine kêna uga | nanging kang condhong lan pikir | nadyan ewon lêksana tan dadi ngapa ||

--- 1 : 15 ---

15. sirèku dosa rong warna | kang dhihin maring Hyang Widhi | kapindhone lan kang potang | yèn sirarsa ngadu sakti | sun pasthèkkên nêmahi | kuwandamu nora ngukup | uripa rip-uripan | mung bakal sun cupêt bothi | aja kongsi alamu kadawa-dawa ||

16. marma srahna patinira | mumpung durakanta tipis | dhustha kartining silarja | lêlêthêk sarining juti | bumi banyu anjêrit | gumêtêr dèn ambah ing dur | dursila salah ing rat | sirnaa kewala bêcik | Mesa asru kagyat myarsa sabdèng wagra ||

17. hèh bêcik têmên arimba | siya tan kêna dèn aji | aja nglakokake soba | nindakna budi lastari | aji-ajining urip | sasami kèh wêdi sayuk | trisna lair batinnya | sirarsa madhêm mring mami | tangèh lamun sun eringa marang sira ||

18. wong kalah siniya-siya | wus mlayu binuru wani | mogok rèh kajibah sayah | nekad toh lara lan pati | apa tan wruh Kumpêni | kang ulah marta mring satru | kang wus kalah sinarah | mungsuhe dipun bêciki | wêkasane ala wêdyasih sutrisna ||

19. iku lupiya klakuan | titènana jroning ati | tega pati rilan dunya | subagya yuwana murti | ywa sira maca hadis | yèn maksih kuthung pikirmu | yèn swagnyana krêtarta | miriba kangjêng guprêmin | cipta ngantariksa sinuhun sasama ||

20. ingkang sinuhun têgêsnya | puniku sinunggi-sunggi | susuhunaning buwana | sifat kodrat kang pinuji | kumpuling rahsa jati | nèng sunan panggonanipun | tunggal lan Sastrajendra | ayuning buwana dèbi | aja ngrusak 'alam jroning jisimira ||

21. duga lawan kira-kira | yudanagara nèng ati | yèn tan linakon karweka | Sastrajendra tanpa dadi | kalah ciptaning eblis | jin setan mangka wujudmu | macaa surat Kul-a | ngudubirabin hinasi | sabanjure pardikane takokêna ||

22. kêsari sira ywa merang | isin mamèt warah mami | dadiya conto kraharjan | ora mung sungkan tinagih | dhasare nora apti | kabanjur wêtuning wuwus | uga bênêr solahnya | uwot siratalmustakim | anèng tutuk musamane kang sanyata ||

--- 1 : 16 ---

23. dene kêlamun wong Budha | ingaran wot ogal-agil | tan pae panggonanira | mung beda têmbungirèki | wong 'Arab lan wong Jawi | nanging rasanira gathuk | paran Sardula sira | sinungan beda ing budi | lairêna budimu wêlas maringwang ||

24. kang mawantah dajal la'nat | racutên buwangên têbih | kalbu'lmukmin baitu'llah | sirèku omahing Widhi | têgêse mukmin dèbi | sira dhewe wruhanamu | kaparêk tur kapurba | purbaning Hyang nyarah kapti | rèh wus paring gumêlaring kautaman ||

25. lantaran rasuling Suksma | iya iku kngjêng nabi | murti mulkuning buwana | kutu-kutu kang kumêlip | Sleman Baladèng Mêsir | Ibnu Dawud sudibya nung | winênangkên wêwarta | kang wus katimbang prayogi | mangka sira murang arjaning buwana ||

26. wêtune kang pancadriya | murungkên cipta lastari | saka solan-salining tyas | la'nat kang tanpa upami | cêgah paworing Gusti | puniku budi kêlurung | laranganing sujana | kang ahli klakuan akhir | lah elinga yèn sira bakal pralaya ||

27. mamriha tama sampurna | urip mati kang nyukupi | pangudining sangkanparan | ungsêdên kitab lan tafsir | ywa sira gedhag-gedhig | gumunggung sarta kumlungkung | uripmu mung sapisan | yogyane ngupa utami | laku arja mangka sanguning pralaya ||

28. busanane mukmin kang khas | kang kanggo ing ngrika-ngriki | aja nglakokakên dajal | lair batine ijajil | pragalba sru angêrik | gora rèh magêtêr wagyut | orêg pratiwi jinjang | nulya Mesa pasang liring | buntut njênthar lir wangkawaning mandrawa ||

Kêbo kêpêksa nanggulang Macan

29. arimba nubruk saksana | katampan murdaning Bothi | tinamèng sungu umêbrag | rêbut jaya sura sakti | dangu ungkih-ingungkih | kêkalih têguh timbul tus | wal kontal ting cêkekal | Kêbo mahyakkên gunasti | mbijig sela dadya amun-amun awra ||

30. kumêdhut digdèng awiyat | ngampak-ampak mawa bahni | mayuta-yuta dahana | lir wrêsa sing awiyati | bayak nêmpuh arimbi |

--- 1 : 17 ---

arimong kewran ing kalbu | kamayan dahanarda | daruna cidraning mundhing | Macan Gembong mamrês budi tiwikrama ||

31. mêkar kang guna widagda | dayèng kamayan mawrêdi | tinarimèng janaloka | sakala jawah nêkani | pancawora wor riris | gumrujug nyirêp kang latu | wus nir dayaning wangwa | campuh malih danu dèbi | kadibyane karo pisan tanpa guna ||

32. danuka mamrês ing nala | mahyakakên aji Bothi | lênga rasatala wrata | saking punuk sudirasti | saciptanira dadi | bandung bandawasanipun | dahat subadyèng kara | sakala sarira wêsi | Macan Gembong nulya mahyakkên danuja ||

33. asidhakêp suku tunggal | nutup wiwara nawa di | nyumpêt kanang pancadriya | ngèksi tikwèng grana lungit | manthêng kang puja jati | kajatèn katrimèng sujud | sakala malih warna | wujud waja purasani | iya iku wêsi Ibrani nagara ||

34. ngêndhih kasêktèning Mesa | sanalika dadya glali | ndlèdèk wus tanpa budaya | nulya kasaput ing ratri | samya mundurnya kalih | Sima tansah ngunggut-unggut | ketang ardaning driya | dènya sru kapengin daging | saya sêngkut rèh bênêr ri tata praja ||

Kêbo njaluk tulung marang Mênjangan

35. ucapên sira Maesa | sawusnya ngaso pribadi | ngunandika jroning nala | kayaparan awak mami | nir budayaning urip | sun timbang-timbang ragèngsun | kaya tan bisa wudhar | kadhang saya ruwêt mangkin | nora ana wêkasane kang prakara ||

36. sun saraha karsèng wagra | sun wèhi punuk sapalih | 'adate wong mangan enak | tan trima yèn mung sapalih | bagja kèri sathithik | cilakane nyawèl gurung | kadhang durung narima | malah ulur lidhah kisi | yèn mangkono nyawaningsun kalambrangan ||

37. mênawa ingsun panggaha | pira boboting kêsari | ngadu guna dibyèng ngrana | kapêksa sun tan gumingsir | wangsul watêking dèbi | culika dursilèng laku | pêngpêngane pragalba | nglimpe dursilèng pakarti | nubruk gurung gulu rantas ngêtus darah ||

--- 1 : 18 ---

5. Maskumambang

1. kumambanging nala danukarda miris | sun gagas tan enak | yogya miruda ing wêngi | ngupaya sambunging gêsang ||

2. marang ngêndi pangungsène nyawa mami | tiwas yèn tan ngendra | istiyar wajibing urip | sun ngalor kene kewala ||

3. mring wismane Manjangan kang tunggal jinis | padha bangsa halal | manawa bisa ngayomi | patiku kang siya-siya ||

4. nadyan ringkih paribasan giri lusi | mokaling tumitah | sigra wanci ratri anis | dhêmitan tan dangu prapta ||

5. wismèng randhi ingacaran tata linggih | sinungan kramarja | bagya-binagya ing wuri | Kêbo nulya pasrangkara ||

6. hèh ta yayi Manjangan praptèngsun iki | arsa minta wêlas | pancasên susahing ati | tan ana manèh mung sira ||

7. Bothi nulya jarwa purwa amêkasi | Manjangan sru njola | rumasa yèn tunggal jinis | halaling khukum agama ||

8. nambung sabda Manjangan dhumatêng Bothi | mundhing kadyaparan | prakaranta luwih sungil | bab mungsuhan seje bangsa ||

9. ingsun nora kaduga ngawat-awati | nadyan sun keriga | ranggah komprèng tuwin randhing | saekaprayambêk sura ||

10. tan kuwawa aja kang têmpuhing jurit | pinandêng kewala | kancaningsun anggêlali | wêruh bae klêngêr tuwa ||

11. rèh wus komuk kasebut kabar kêsari | prawira digdaya | kalana jaya di murti | putus munah gunging kewan ||

12. hèh danuka pratikêl ingsun sira glis | coba mangalora | ana sujanambêk niti | Kuwuk pêparab Sugriwa ||

13. anèng kêndhal growong dènnya mangun tèki | dhasar tunggal bangsa | lan Macan pangane sami | manawa bisa sung mulya ||

14. banjur srahna pati uripira bothi | sun kira kaduga | Si Kuwuk sanadyan cilik | nanging putus 'ilmu byakta ||

15. saha bangkit wirasat Iman Supingi | Kêbo glis pamitan | ngalor wisatanya prapti | sangisoring kayu kêndhal ||

--- 1 : 19 ---

Kêbo njaluk pitulungane Kuwuk

16. Kêbo ngungak wiwarèng Kuwuk kapanggih | sru kagyat Wilpusa | ngacarani tata linggih | Kuwuk nabda nyakrabawa ||

17. sarwi mèsêm njanur gunung sira bothi |Kurang satu suku kata: sarwi mèsêm njanur gunung sira bothi. kadingarèn mangkya | praptèng kene netya lutih | lah apa nêmu prakara ||

18. ingsun kira prakaramu bangêt sungil | turidaning muka | kucêm ngêlob-êlob Bothi | apa ta darunanira ||

19. Kêbo matur ing purwa madya mêkasi | dènira wêwarta | mring Sugriwa èsmu tangis | mukane konjêm pratala ||

20. dhuh sang wiku mugi pêparinga ing sih | pêgating uswamba | paduka ulun watawis | sagêd ngêndhih dibyèng Sima ||

21. ulun ndhèrèk ing dunya tumêkèng akhir | Kuwuk nambung sabda | ingkang sarta kirig-kirig | ho o yèn mêngkono sira ||

22. barang pêtêng sing sapa kanggonan wêdi | anggèng apyun gêlap | mangka kêncêng pra pulisi | kagledhah tan wun sangsara ||

23. tibèng dhêndha kêna punukmu sapalih | têrkadhang rinampas | bab jangjimu kurang rêsik | pratikêlku wènèhêna ||

24. nadyan mati sapisan slawase urip | nrimaa kewala | ing benjang antuk suwargi | langgêng ni'mat tur munfa'at ||

25. kang mangka wis mufakat bênêring khakim | sing sapa wong utang | iku kudu nyaur pasthi | mangka utang seje bangsa ||

26. apa manèh dudu sapadhamu Bothi | sanadyan bênêra | nanging sira tan ngundhili | sasat timun mungsuh duryan ||

27. si arimba mungsuh lan sira samênit | tan gandra sapira | wagra sura dibya sêkti | dhasar singaning Nèdêrlan ||

28. santerone ing tanah Jawa tan mirib | prabawa goraya | yèn nggêro bumi sru gonjing | gumêtêr sing amiyarsa ||

29. Mesa dupi krungu Sugriwa dènnya ngling | tanduk ngerang-erang | nutuh lêlakon ingkang wis | sanalika nir dayanya ||

30. nggagas-gagas tan antuk wênganing pikir | samana Maesa | maksih nor raga minta sih | danuka matur ngrêrêpa ||

--- 1 : 20 ---

31. dhuh sang brewa kawula srah pati urip | tan sagêd matura | manuhara mrih mêmanis | mung uswamba kaatura ||

32. dene mangke lamun pun arimba prapti | ulun tan suminggah | rèh kajibah soroh pati | mung paduka sêksènana ||

33. kawularsa nanggulang ngêkahi urip | Kuwuk dupi myarsa | sabdaning Kêbo mlasasih | luntur wêlase sakala ||

34. pasrangkara marang sira Mesa Bothi | hèh Kêbo kang sabar | ywa nglalu mangkono Bothi | sun golèk wênganing driya ||

Kênthus kang ambêk sarjana linuwih

35. nêngna gantya kocapa ingkang kinawi | sajuganing kewan | Kênthus kasub ing pawarti | êndhèk cilik trincing kêras ||

36. sêmu bundêr abang nom gigire dalir | sungune tan panjang | lir lombok abang alungit | wulu lêmês alus raras ||

37. kulit tipis pandhês prabane mathathit | wênês prabèng netya | sumèh sabare rêspati | polatane lêmbah manah ||

38. cakêp cukup basa basaning kumêlip | putus kasusastran | pangulahing Nitisruti | bangkètbangkit. têmbung Landa 'Arab ||

39. kèhing kitab Kuran Tafsir Kaelani | Supi kawruh Palak | Mukarar Jurmiyah Bahwi | Usul wus dene Maknunat ||

40. tasrip Nahwu Nahola Anwar Bajuri | Daka Bayanu'llah | kitab Sam Sarah Tajuwit | palanggêraning wêwacan ||

41. mat kang wajib idhambila gonah Prail | wus ngêntèk sadaya | apa manèh sastra Jawi | Pramasastra ywa karana ||

42. Dasanama Bausastra Boma Kawi | saha layang Babad | Asthabrata Rama Kêling | Tekawardi Ramayana ||

43. myang Anbiya Pustakaraja prituwin | layang Anglingdarma | Nawawi Iman Buhkari | Makutharaja lan Menak ||

44. marmanira Pêthangkus ahli ing budi | wit dhêmên piwulang | buku saananing bumi | saka Nèdêrlan Hindhiya ||

45. kawruh ukur algêbrah myang rehel pandri | kèh ukuran anyar | elo mètêr dèn kawruhi | bobot lita kilo myang gram ||

--- 1 : 21 ---

46. têtimbangan cêngkal ukuran kalarji | kati pun Nèdêrlan | palêm mil ukuran bumi | marma Kênthus swarjanèng rat ||

47. planggêraning nagara krama sitruksi | wèd tuwin sêtatblad | anggêr pranatan pulisi | buku kandhungan datan sah ||

48. myang Nawala Pradata lan Anggêr Rêdi | arubiru miwah | regêlmèn sadaya ngênting | cukup praboting ngagêsang ||

49. kasudibyan cakêp cukup liring 'ilmi | pangulahing pêrang | pangrusakirèng dur juti | kang mangudi karaharjan ||

50. lêgawèng tyas cipta budi amumpuni | sadu parikrama | tan kadho ulah lêlungid | tanggap graitane pasang ||

51. tan kawêkèn agal alus sungil rumpil | sarta ahli brata | mudyastuti mring Hyang Widhi | susilarja nrang wikara ||

52. guna srana krêtarta wêweka murti | sabar santa budya | asih ing dzat maha sukci | putus ubênging buwana ||

53. pangadilan khukum lawan yudanagri | kêncêng sinantosan | marma sayuk para kumlip | rèh wasis mranata basa ||

54. basa-basa basukine dèn kawruhi | mrih wrata raharja | agama nêmbah Hyang Widhi | saya kasub kasumbaga ||

55. panêngrane kumênthus mèt Dasanami | pangrekadayanya | katyaka gumira tuwin | pathangkus saha kenthorang ||

56. myang Kwandaka Kênthula punika sami | Kênthus jarwanira | kalokèng sêrat pawarti | têmbung Landa Mlayu Jawa ||

6. Mijil

1. wijiling tyas padhang nrawang mingis | mèmèt nyamut kamot | widagda ing budi wus rêjasèng | guna sakti samaning dumadi | marmane kawarti | Kênthus dadi pokrur ||

2. bangkit mancas prakara kang slundhit | ribêd ruwêt bolong | saking dènnya luhur pangawruhe | ngayu yukti kayaktèn nastiti | surti ngati-ati | timbuling pitutur ||

--- 1 : 22 ---

Kêbo kairid kalantarake Kuwuk anjaluk pitulungane kênthus

3. akèh lamun rinumpakèng tulis | ucapên Sang Kêbo | dènnya minta Kuwuk kawlasane | tansah anèng ngarsa sru mangudi | wuwuse ngrêrintih | manuhara arum ||

4. samana Wilpusa koguk myarsi | têmahan nabda lon | hèh danuka mituruta mangke | ing sapangrèh pratikêl sun bothi | sirarsa sun irid | ring omahing prokrur ||

5. kang subrata dhepok Ampelgadhing | Kênthus prawira nom | baut munah ing prakara gêdhe | nalar ingkang dahat ribêt sungil | kang slundhit tan klêmpit | malang-malang putung ||

6. rawe-rawe rantas sirna gusis | undhagi ing kewoh | wignya laku goroh sarta barès | sigra budhal Kuwuk lawan Bothi | wisatanya prapti | dhepokirèng Kênthus ||

7. ingacaran wus satata linggih | kênthorang nabda lon | paran baya karo praptèng kene | kang sawiji anandhang prihatin | Kuwuk matur inggih | dhuh Sang Maha Wiku ||

8. rèh pininta sraya sumitra di | punika pun Kêbo | waktu mangkya manggih susah gêdhe | ribêd langkung saking sèwu kêthi | punika pun Bothi | sumangga kang atur ||

9. alon nabda Kênthus marang Bothi | lah kapriye Kêbo | purwa madya tutura kang barès | aja goroh barang laku kang wis | Bothi matur aris | purwa wusana wus ||

10. ing mangkyamba asrah jiwa ragi | dhumatêng sang kaot | nyumanggakkên paduka sapangrèh | ujêrugêr. dede bangsa kulit daging | nyuwun aling-aling | pêsatirèng umur ||

11. datan sagêd matur kadipundi | muhung njèrèng lakon | nanging dintên wingking amba darbe | punagi kang mung raharjèng urip | yun mruwita nyantrik | dadya uluguntung ||

12. saha makmum puja taki-taki | ngataskarèng Manon | Kênthus dupi têrang pamyarsane | marang Kêbo dènnya gung prihatin | têmahan trisna sih | wruh nalar ingkang wus ||

--- 1 : 23 ---

13. alon nabda mring Mesa hèh Bothi | bab nalar mangkono | datan ewuh mungguh pratikêle | kang kasêbut anggêr tanah Hindi | kalaku nèng Jawi | bab sêlang myang sambut ||

14. iya iku ran prakara sipil | nora dadi ewoh | wusnya têrang Sugriwa lumèngsèr | arsa mulih rinilan lêstari | gantya kang winarni | Sima kang angluru ||

Macan anglacak paraning Kêbo

15. marang Kêbo ngubrês ing wanadri | pèrèng jurang jêro | tan kapanggya anglarah tapake | mangkana osiking nala dèbi | mring ngêndi Si Bothi | lungane ing dalu ||

16. rèhning Sima taruna dibya di | têguh prawira tos | angungkuli sasami-samine | pilih tandhing boboting kumêlip | tan ana kang mirib | jasêntikanipun ||

17. marma dahat mangancam mring Bothi | lalu mêlok-mêlok | katon bae saparipolahe | wus linali-lali datan lali | lêlakon ngalani | tan nêdya rahayu ||

18. pantês lamun pinugut kang urip | ala samèng sato | ingsun pungsêng ing ngêndi parane | tan antara mong antuk pawarti | Kêbo mangkya ndhêlik | anèng wismèng prokrur ||

19. Manjangan kang nyukani pawarti | katranganing Kêbo | mong wisata mangalor parane | prapta wismaning Kuwuk pinanggih | anèng growongan wit | kêndhal tata lungguh ||

20. wusnya samyandum arjaning wuri | Gembong tannya alon | hèh wa Kuwuk têkaningsun kene | angupaya buroningsun mundhing | pawarta kang yakin | nèng kene Andanu ||

21. sira ingkang ngumpêtakên mangkin | yèn nyata mangkono | sun prajaya wandanta ywa kagèt | rèhning sira sabiyantu juti | patute pinatin | ngubungi laku dur ||

22. Kuwuk kagyat tyasira gung miris | maras mar ndharodhog | sru wèl-wèlan nir budidayane | têmahane Kuwuk dahat wêdi | wandanya pribadi | alon dènnya muwus ||

--- 1 : 24 ---

23. bênêr sira panyakramu dèbi | sun kanggonan Kêbo | nanging ora mung mampir nyatane | ing mêngko nèng kulon kene Bothi | wismaning undhagi | Kênthus karan prokrur ||

7. Pangkur

1. kapungkur Kuwuk wêlasnya | marang Kêbo sarèhning ati drêngki | nglairkên krênah kang dudu | nir trêsnaning sasama | tanpa tilas kawêlasane mring danu | pasrangkara hèh arimba | sira mangkata dèn aglis ||

2. ananging ingsun mêminta | jangji marang sira yèn Kêbo kenging | ingsun mujur wit bakyumu | lagya nyidham kaworan | saha rina wêngi ngrêrintih njêjaluk | gêtih daging jantung manah | yèn Si Kêbo têkèng pati ||

3. sun pasthèkkên kabrabeyan | Kêbo lawan sira angadu sakti | wus tamtu yèn nora ngukup | nanging sumêlanging tyas | kang ngayomi Si Kêbo Kênthus dibya nung | rèh adpokat widisana | baut ngrekadaya sandi ||

Prakarane macan karo kêbo dirampungi kênthus

4. sigra arimba pamitan | lumaksana ngulon têlênging ati | ucapên Kêbo lan Kênthus | kang lagyèca gunêman | ya ta wau katungka ing praptanipun | mong sirna kramaning gêsang | nguwuh-uwuh minta tandhing ||

5. hèh danuka prastawakna | kadibyèngsun singa Nèdêrlan iki | kang putus pratamèng kewuh | munah durtaning karta | anatasi sukêrtining jagad rampung | wong murang pranata arja | si cêmêr satruning urip ||

6. Kêbo dhasaring jahanam | kêkêl langgêng sajroning nraka api | druhakamu tanpa petung | lêksan kêthèn mayutan | wus têtela wong dama tinuntun bagus | sinung bukti têkèng lêma | dadi pêpalanging pati ||

7. sasat sinambungan nyawa | êmèh bae ragamu têkèng pati | kalantih tan bukti nginum | nglemprak yayah gusthika | wus rinubung ing lalêr maèwu-èwu | nulya na wong salèh prapta | asung rijêki umintir ||

--- 1 : 25 ---

8. jangjimu srah jiwaraga | têkaning don mungkir cidra ing jangji | kodhik dahat murang patut | damanira midrèng rat | alingana gunung sèwu bumi pitu | yèn ala pasthi katara | rèh gêlah-gêlahing bumi ||

9. Kênthus dupi myarsa swara | sru sêsumbar angèsi-èsi Bothi | nir tatakramèng tumuwuh | duka sajroning nala | pasrangkara hèh pragalba ywa kumlungkung | wêruha tataning gêsang | sabar pitukuning swargi ||

10. nèng dunya ngupa utama | wajibing wong mêngku trapsila yukti | lah apa prakaranipun | enggal sira tutura | rèhning Kêbo ana kang kuwasa mêngku | têgêse wêngku pikuwat | ingkang tanggung ala bêcik ||

11. ingsun kang wênang masesa | saisine jroning kukuban mami | lamun ana nalaripun | prayoga pratelakna | wus lakune prakara kudu dèn atur | kamot anèng gugat jawab | saha paturaning saksi ||

12. porsèspêrbaling papriksan | pra kumisi kang wajib ngudanèni | dakwa myang panangkisipun | êndi kang bênêr mênang | marma jroning anggêr Nèdêrlan kasêbut | bab kaping nênêm mangkana | wênang wajibing prakawis ||

13. hèh Macan age tutura | purwa madya wusananing prajangji | wanci dina sasi taun | sun pacake nèng layang | sarta asli kalairanmu kasêbut | lan manèh panggaotanta | yèku lakuning prakawis ||

14. lamun nora mangkonoa | tan tumindak lakuning gugat mangkin | wit anggêr Nèdêrlan sung wruh | bab ping nêm likur munya | nora kêna wong kasêrêg dening khukum | yèn tan têrang nalarira | marma dina tanggal sasi ||

15. kudu kasêbut nèng dakwa | bokmanawa nalar kadaluwarsi | bab tri dasa juga nutur | prakara klengga nata | mung rong warna siji kang ginugat lampus | kapindho kadaluwarsa | wus kasèp kaliwat lami ||

16. yèn sira wus atur gugat | si danuka sun priksa nuli-nuli | ngaku mungkir jawabipun | uga kamot ing layang | yèn wus gathuk gugat jawab ingsun putus | watone anggêr Hindia | marma sun mangkono dèbi ||

--- 1 : 26 ---

17. miturut dhawuhing nata | Kangjêng Nabi Suleman prajèng Mêsir | kang ngratoni kutu-kutu | dharatan lan samodra | waktu iki paring bêbênêran amung | cacahing 'adil nêm warna | siji bêbênêran dhistrik ||

18. pindho bênêran bupatya | ping tri Landrad kaping pat Rad Kuliling | lima Rad Yustisi iku | bêbênêraning Jawa | kang kaping nêm aran pangadilan luhur | iki unining pranatan | jroning bab sapisan dèbi ||

19. lan manèh ana pranatan | kang winênang padha nyêkêl pulisi | uga nênêm cacahipun | sawiji lurah desa | pindho lurah dhistrik ingkang kaping têlu | hup jaksa lan para jaksa | kaping pat para bupati ||

20. para residhèn ping lima | kaping nême sarupaning priyayi | lan para wonge wus tamtu | kang pinarcaya jaga | dene ingsun iki dhawuhe Sang Mulku | kinawasa ngrèh kang tata | ingkang kasêbut nèng buslid ||

21. dadya dhistrik ngrangkêp jaksa | marma kudu wruh pranatan bab kaping | awit patang puluh têlu | têkan bab satus astha | sarta bab ping têlung puluh nêm kudu wruh | têkaning bab sèkêt papat | iku wajibirèng dhistrik ||

22. marma Macan prayogèngwang | sun pacake nèng tulis supayèling | ciptaning m bênêr Kênthus | sakèhing gugat jawab | luwih titi ingatur pratelanipun | hèh pêthangkus rungokêna | juti culikaning Bothi ||

23. dèn jarwa purwa wusana | sanyatane tan suda tan muwuhi | tinulisan dening Kênthus | satiti têrus têrang | Kênthus nulya nabda mring Maesadanu | sarèhning wus antuk wulang | ature danuka mungkir ||

8. Durma

1. durmaning tyas danuka matur tan ngrasa | utang kang rupa daging | dhumatêng Sardula | yakti nguni kasrakat | kalantih tan minum bukti | tandya pragalba | têtulung lata warih ||

2. ron katela rèndèng drèngès ron tilarsa | amba bukti nyêkapi | angsal slapan dina | sadintên kaping tiga | sampat tan kirang punapi | praptamba lêma | èstu mong kang ngingoni ||

--- 1 : 27 ---

3. dene mangke mong nagih kula sandika | badhe kula sauri | sapintên kang gugat | darèngès ron tilarsa | kinum warih kadya nguni | ujêr wus têrang | pangadilan ndhawuhi ||

4. Macan dupi krungu jawabing Danuka | ngungkiri kang prajangji | madêg suraning tyas | ngêrik gora-goraya | sru minta lawaning tandhing | lir yun nguntala | kumênthus nabda ririh ||

5. hèh Sardula ywa ge mahyakkên digsura | kumlungkung kumawani | yèku salah tampa | dudu caraning tata | mungguh tataning prakawis | kudu katimbang | mufakat lan para lid ||

6. yèn wus kumpul siji panimbanging nalar | nuli dhawuhing ponis | têgêse prampungan | uga kamot ing layang | nanging arès kudu mawi | dèn sahkên marang | hup nagara Batawi ||

7. têrus marang Mêsir konjuk Nabi Sleman | ratuning para kumlip | mêngko yèn wus têka | mangka sira tan trima | kêna rêkwès mbadal ponis | de gugatira | iki prakara sipil ||

8. sarèhêna bae sawatara dina | kang sabar kang aririh | aja murang tata | pragalba wus darana | dupyantara ri kang ponis | satêkanira | bab prakaraning dèbi ||

9. dènnya drêdah rêbut bênêr lan danuka | prakara potang silih | 'adiling pradata | wêwaton wèt Hindia | saka panimbanging pra lid | kêsari mênang | bênêr tampa rijêki ||

10. rupa sukêt taru lata ron tilarsa | lung rèndèng tuwin warih | anêtêpi gugat | bab gugate mong minta | daging sacuwil tan kêni | dene Maesa | iku kudu numpuki ||

11. bab ping satus sawidak pitu uninya | pranatan tanah Hindi | kang dadya gêgaran | mungguh apsahing tandha | sajroning prakara sipil | marma danuka | kapêksa ambayari ||

12. yèn bab punuk Macan nora pisan kêna | awit tan darbe saksi | dhasar Kêbo singlar | ngaku mung utang pangan | gêgodhongan miwah warih | iki putusan | dhumawuh Mong lan Bothi ||

13. Sima dupi miyarsa punang rampungan | butêng riwut netyandik | anggêro lir gêlap | liwunging pancadriya | kabasmaraning tyas wani | nyat ngadêg malang | megung anguwuh tandhing ||

--- 1 : 28 ---

14. anggurnita sayuta jagad kèbêkan | prabawane wèh miris | giris kang miyarsa | tandanging singa rodra | netra lir danumaya di | dènira sumbar | rêbutên ing ajurit ||

15. iya iki leyo singaning Nèdêrlan | Kênthus dulunên mami | yèn sirarsa sirna | lêbur luluh wor kisma | barênga maju lan Bothi | kang dus sukêrta | lêlêthêk satru juti ||

16. Kênthus dupi myarsa sabdaning arimba | nambung sabda sung peling | hèh mong ywa mangkana | wruha tataning praja | bageyanirèng prakawis | dèn silah-silah | mung kinarya rong warni ||

17. kang sawiji sipil araning prakara | loro aran kriminil | de sipil punika | kaya ta apyun gêlap | myang lakune potang silih | saha yèn ana | nalar kang cilik-cilik ||

18. yèn kriminil iku mring bab kadurjanan | kaya ta wong ngapusi | maling culêng kampak | ngimpês wong tuwin begal | ngobong omah gawe dhuwit | yèku sadaya | munggah landrad wus pasthi ||

19. mangka Macan prakaranira punika | klêbu bageyan sipil | pamancasing nalar | tan trima kêna munggah | mbadal ponis iya kêni | kasêbut nèng bab | satus sangang dasa dwi ||

20. têkaning bab satus sangang dasa astha | kêna rêkwès manginggil | anjèrèng lampahan | sarta nampik putusan | papriksan sadaya bali | yèn wus nèng kana | yakti katimbang malih ||

21. Macan maksa tan darana ambêk arda | kêras mawinga wêngis | ngisis siyungira | tinon lir kapurancang | kuku mêgar ngilat thathit | pasang wêweka | rèhning sura di murti ||

22. suraweyan sêsumbar aminta lawan | Kênthus wikrama wrêdi | mêkar jaja jêmbar | wadana mijil gêlap | sru tumanggap hèh kêsari | tan kulak warta | anon rungoning kuping ||

23. yèn Si Kênthus prawira murti sudibya | putus kridhaning jurit | iyeku Kwandaka | sring nggadho daging Macan | kapasang yoga sirèki | sun patagihan | durung kambon saari ||

24. rèhning sabên dina wus nadhah satunggal | yèn tan pracaya dèbi | lah ta tilikana | sumur ing wurinira | luwihan êndhas mong siji | kang kaya sira | nora êntèk sun bukti ||

--- 1 : 29 ---

25. kabênêran armba mundur angungak |Kurang satu suku kata: kabênêran arimba mundur angungak. sajroning sumur kèksi | ana sirah Macan | gêngnya kagila-gila | mong tandya lumayu nggêndring | tan wruh yèn sirah | layangane pribadi ||

26. graitaning nala Si Kênthus sanyata | digdaya sura sakti | guna wirotama | sun sakêthi tan nyana | yèn bisa munah kêsari | mong nunjang-nunjang | lumayu sipat kuping ||

Macan dibombong Kuwuk murih bali ngayoni Kênthus lan Kêbo

27. sarwi nggêro goraya gêtêr gumêntar | ngetan ya ta winarni | Kuwuk krungu swara | ning Macan kamigilan | pinêthukakên sira glis | wusing kapanggya | Wilpusa tannya aris ||

28. paran baya sira mlayu sarwi mahyang | gugup dènnya mangsuli | Kuwuk bênêr sira | Kênthus tuhu widagda | ubêding nalar mangênting | prakaraningwang | kalah sarta mèh mati ||

29. ing samêngko si durcara kinukuhan | sun jaluk nora olih | nganggo gugat jawab | laras lakuning nalar | prampungane sun katitih | nêdya sun paksa | têmahan sun sinung wrin ||

30. jêron sumur ana êndhas mong sajuga | ika sisaning bukti | Kênthus sabên dina | siji tadhahe Macan | nuju nora ntèk sun èksi | sru kamigilan | lumayu yèn binukti ||

31. katujune kakang sun nora dèn untal | mburu daging sacuwil | mèh kelangan nyawa | yèn mangkono Sugriwa | sun rilakake bae wis | Kêbo satunggal | ngupaya dina buri ||

32. lamun maksih urip kaya nora nguyang | dilalah wus pinasthi | dawa uswèng Mesa | ing wana ora kurang | mung nyingkiri Kêbo siji | Kuwuk tumanggap | wuwuse ngèsi-èsi ||

33. ho o bodho têmên sira iku Macan | kêna dipun apusi | 'adating kênthorang | mbêbujuk ngomandakangamandaka. | baut njêlag angalêntik | saking blilunta | tan wruh dugi prayogi ||

34. sayêktine kang nèng jêron sumur ika | layanganmu pribadi | dudu lêluwihan | iku sababe Macan | jatine sirahan dèbi | yèn tan pracaya | ngombeya marang bêlik ||

--- 1 : 30 ---

35. mêsthi ana sirah Macan kaya sira | gêdhene nora slisir | mong sigra ingajak | mring bêlik gêgancangan | wusnya prapta ngungak nuli | wêruh ing rupa | nira nèng jroning bêlik ||

36. dahat ngunguning driya kêna paeka | arimba muwus aris | kayaparan brewa | mungguh pratikêlira | sun manut sarèhirèki | supaya gampang | Si Kêbo sun patèni ||

37. sira Kuwuk sumambung sabda hèh Macan | prayogane samangkin | balia kewala | kang têtêk ywa sumêlang | cature ywa piniyarsi | rak banjur lunga | Si Kênthus Kêbo kari ||

38. nadyan wani panggah Si Kênthus tan gandra | ingsun wani prang tandhing | ngadua kadibyan | sira prang lan Maesa | aku muhung njaluk dhidhih | bakyumu nyidham | iku kang dadi ati ||

39. dene sira yèn sumlang payo lan ingwang | kang ngatêrake bali | buntutmu cinancang | kalawan buntut ingwang | tandha yèn saekakapti | wus linaksanan | buntut cinancang nuli ||

40. tali pati murih kêncêng kukuh kuwat | Kuwuk nemplok nèng gigir | sigra mong wisata | mring Ampèlgadhing prapta | pêthangkus kagyat mangèksi | kalong suranya | mangkana ciptèng ati ||

41. lah ta sapa kang ngojok-ojoki Macan | dene ta wani bali | mokal yèn oraa | ana ingkang nggêgasah | Kênthus nulya trang mangèksi | gigiring Sima | Kuwuk ingkang mêthangkring ||

42. asru nabda pêthangkus marang Sugriwa | sira mbombong prakawis | pakaryèng adpokat | kasbut anggêr Hindia | bab ping satus tigang dèsi | lan sajroning bab | rong atus kawan dèsi ||

43. uga kêna wong têtulung ing prakara | kudu nganggo notaris | nyêkêl layang kwasa | saka kang darbe nalar | balik palilahe êndi | kang wus tinandhan | dening tuwan notaris ||

44. yèn mangkono têkamu mung nyaur utang | Macan sawiji iki | minangka anakan | lah ta sun datan arsa | lakune ing jaman iki | akèh wong utang | kudu kêndêl nganaki ||

45. dene ingsun Kuwuk sêlak pêtagihan | kongsi lungse kang wanci | sira padha uga | kasèp mangan rah limpa | ning Macan pasthi nagihi | dene ta sira | mung nggawa Macan siji ||

--- 1 : 31 ---

46. gawe apa malah anggêgalak racak | nora nggawer binukti | yèn Sugriwa sira | tan bisangsung èntrèsan | sabên dina Macan kalih | sun wèhi mayar | nicila sabên ari ||

47. têlu-têlu ananging utangmu dadya | Macan sawidak iji | babone tri dasa | yèn tan dadya pêjahan | sabên dina anganaki | nora sah-êsah | sun wêlas mring sirèki ||

48. Sima dupi myarsa sabdaning Kwandaka | yèn mung karya ngrèntêni | dahat kamigilan | dhêg-dhêgan têrataban | kasudiranira ênting | nggêmprong anggiwar | sigra lumayu nggêndring ||

49. nyêrang alang-alang glagah padhas parang | buntut kêsèrèt muntir | Sugriwa gandhulan | nanging tansah linarak | kala maju Macan wani | ngadêg buntutnya | yèn kalah ngawêt silit ||

50. Kuwuk babak bunyak dhodhal-dhadhil bundhas | kulit lir dèn sèsèti | akuthah ludira | tètès samarga-marga | nulya mandhêg Macan nolih | lah rasakêna | wong arsa dinggo nicil ||

9. Sinom

1. mudhaning budi surakah | sandhangên wêwalês mami | sandining cipta Wilpusa | mêmagan ngloropke pati | utang-utang pribadi | sun nêdya dèn nggo panyaur | malah dudu sauran | muhung kinarya ngèntrèsi | tanpa êsah yèn nora nyaur tri dasa ||

2. kèhe sêmono utangnya | sêngadine wani ngirid | sun tan uning dèn pitênah | tan wruh lamun satu budi | lan Kênthus mangan debi | saiki sun wruh yèn palsu | Kuwuk wus kapidhara | nir kabudayaning urip | mêgap-mêgap nulya ginugut palastra ||

3. patining Kuwuk têtinggal | swami nyidham têlung sasi | dahat sungkawaning nala | garbini tinilar nglaki | wau ta sira dèbi | sunya panguguting kalbu | mring Maesa wus rila | nadyan kapêthukèng margi | wus tan pisan darbeya pangancam-ancam ||

--- 1 : 32 ---

Wêdhus Prucul wadon ing tanah Atasangin

4. sigêgên wahyaning gita | ing nagari Atasangin | ugi maksih wanawasa | kewan wignya tata janmi | tan pae tanah Jawi | wus karsane Hyang Maha Gung | waktu ing jaman Kitrah | kaelokaning Hyang Widhi | tanah Atasangin wontên trahing wirya ||

5. Kèn Wêdhus Prucul arannya | maksih kênya mati ragi | midêr-midêr wana pringga | sabên guwa dèn lêboni | ngambah jurang kang sungil | wus nirbaya gêntur laku | nêlas saliring tapa | kang pininta mring Hyang Widhi | ngungkulana sasaminirèng têtaga ||

6. ngungsêd pamungsênging cipta | lali nendra nginum bukti | kyating sêdya murti tama | tumaninah manèt jais | sirna kang jair lalim | lalu luluh labda makbut | budi nuksmèng susila | silarja jananing akhir | karaharjan madhêp cukuling kamukswan ||

7. swatama yun daniswara | puwarèng wrêdawrêdha (dan di tempat lain). kapusthi | dayèng angga suksmantaya | mrih tumrah mratani warti | murcita dayèng budi | adining wanudya punjul | ngêningkên mantra sêdya | sobaskara limun anis | pindha suranggana dwisthèng Cakrakêmbang ||

8. bagyarja jawata mulya | mawantah kèksi bumyadi | diwangkara sor prabanya | wimbuh liwêraning thathit | kusut rêbut pangèksi | têtela nugraha tuhu | rabbana sifat rahman | rakhim kang yitma samadi | nirdeyèstu sêtya-sêtya taga brastha ||

9. tan kandhêg pamintanira | munah driya mardi budi | lir madubrata manidra | darana mungsêng manganti | diwarèng ati mati | pinêdhêp sangkaning idhup | ngadhêpakên arjana | laksite kawasulkamsi | tan sapami wit jahèt samapuljanat ||

10. tinutug sêdyaning puja | wong têmên Allah nêmahi | nêmu ring atma pramana | manonjaya kang kapusthi | pinasthi antuk jais | kabul tinarimèng sujud | mujud hidayatu'llah | ana kaki-kaki prapti | jog tumurun saking wiyat mawa praba ||

11. rinubung thathit liwêran | teja wangkawa ngèbêki | mancur sumundhul ngakasa | saputên miris kang ngèksi | satêngah kadi ngimpi | satêmêne nora turu | sang wrêda pasrangkara | mring dyah kang muja samadi | hèh ta nini munajadira katrima ||

--- 1 : 33 ---

12. sinarah karsèng iswara | kinacèk samèng dumadi | biratên subratanira | wus takdirnya Hyang Kang Luwih | nanging lantaran nini | nambut tataning tumuwuh | sira sinungan graja | satriyotama linuwih | gêntur laku subrata amati raga ||

13. asrama ing Ampèldênta | agraning Sundara ardi | wus lami antuk nugraha | dene kasubing wêwangi | Radèn Pêthangkus nini | dwija kang susila punjul | aryaning tanah Jawa | madhangi ing wana ardi | sira nini ing têmbe darbe atmaja ||

14. jalu nur nuksmèng sasangka | pêparab Dyan Bagus Yatin | karan Kancil Amongpraja | lirnya dyan iku wiradi | basa wiradi nagri | lah iku pardikanipun | nini sira cupana | dhawuhing Hyang Maha Sukci | anyiptaa padhêmèn pancadriyanta ||

15. mangkya sun untapkên sira | sakêdhap prapta ing Jawi | wruhanira nini ingwang | Suleman dutaning Widhi | sang rêtna wus nampani | sujuding tyas suka sukur | ana malih sasmita | pratima lit mawa thathit | saking wiyat manjing sajêroning grana ||

16. nulya sang kusumaning dyah | cahyanya padhang nêlahi | nêrawang sumilak têrang | mantêping budi katawis | asrêp kulunging galih | kaki-kaki kang tumurun | maksih imbal wacana | hèh payo kèjêpa nini | tyasmu srahna nurbuwat kang tauhid jana ||

17. gancare lêlakonira | pêparêngan tunggal ratri | kang mardikèngrat supêna | lir Wêdhus Prucul Sang Dèwi | ananging datan guling | jumbuh ing wirayatipun | samana Kèn Maenda | nariswara wus tinarik | kadya thathit jog tumêkèng tanah Jawa ||

18. pratistha agrèng Sundara | Sang Sukèsi tumrun ririh | lir suranggana kasasar | midrawa agraning wukir | sajêg durung tau wrin | sanadyan pawarta durung | sang nariswara mulat | pratapan ngebat-ebati | arsa nginte sapa kang darbe suyasa ||

19. ucapên kang nungku puja | eca pitêkur pribadi | kagyating nala dupyana | aturing wuta wèh margi | ganda marbuk mrik wangi | nggadag ngungkuli menyak rum | pacoli rasatala | kasoran aruming putri | tanpa sangkan garjitaning tyas mangkana ||

--- 1 : 34 ---

20. baya iki ana apa | ganda marbuk amrik wangi | apa dewa ngejawantah | tumurun ngudankên wangi | sajêg sun durung uning | sari rum kadya puniku | lênganing ariloka | jroning jagad sunyaruri | Tejamaya kratone Bathara Maya ||

21. pathining Jayakusuma | lêlangêning Hyang Pramèsthi | Nilakantha Jonggringslaka | bayèki padmaning kuldi | kang nèng janatunnangim | sêsêngkêraning Hyang Guru | tumanggal ngejawantah | apa baya ingkang dadi | dadi apa ganda mangkene punika ||

Wêdhus Prucul dhaup karo Kênthus

22. samana musthikaning dyah | wus nyipta suyasèng rêsi | katara ingkang wangunan | botrawi mubêng rêspati | tirtanya biru wêning | kêmbang jêmbangan tinatur | nulya Kèn Menda wikan | sanggar pamêlêngan kèksi | ing jêrone ana arya seta mulya ||

23. cinakra maharsi tapa | dyan marpêki lunggyèng ngarsi | kagyat Sang Iswara tama | wruh wangkawa angawêngi | tumejangkara wêning | wênêsing cahya sumunu | wingit prabaning netya | tuhu siwayaning èstri | tri pandurat Pêthangkus angunjal uswa ||

24. pungun-pungun lir supêna | lah apa iki kalkuri | dyan mangarsa lênggah tata | têmpuking netra kêkalih | kumêsar anganyut sir | dwi ika sami gêgêtun | hyang hyang murcitèng kantha | kêkalih sêmune isin | Kèn Maenda Prucul tansah ngincang imba ||

25. kang weni anggung ingusap | sêngadi ngupaya itik | nguruti lingsa kapriksa | yaktine tan kêdhah-kêdhih | wus jamaking pawèstri | kang ngangkat birai kakung | tênaga solah bawa | bangkit anggêgèndèng ati | pawèh brangta ing para priya taruna ||

26. dupi mawas wus tanpa was | Kèn Maenda matur aris | dhuh sang dwija amba tannya | sajara ingkang sayakti | pukulun nênuwun sih | pituduhing maha wiku | ing pundi kang ingaran | pratapan ing Ampèlgadhing | rèh kawula atas dhawuhing Hyang Suksma ||

--- 1 : 35 ---

27. praptèng ngriki srana cipta | dening Hyang Kang Maha Luwih | nglampahi ingkang pitêdah | pêpasthèn tan owah gingsir | sinungan woding ati | jatukramaning tumuwuh | Pêthangkus widisana | undhagining tanah Jawi | amba wêca mokal paduka yèn dora ||

28. ulun sidhêp wiku tama | tan wontên pandhita kidip | lah ing pundi parnahira | pidikan ing Ampèlgadhing | Kênthus graitèng galih | baya iki kang tinuduh | hudayating Pangeran | kaki-kaki ingkang prapti | alon nabda hèh teja kang sulaksana ||

29. dene dahat dènta ngupa | dhawuhing Hyang Maha Sukci | ing ngêndi sang dyah pinangka | yèn wus warah sun sajari | sun dhèrèkkên kapanggih | wikwadi Bangbang Kumênthus | asrêp musthikaning dyah | umatur maring sang rêsi | kawulèstu wanudya trah daniswara ||

30. wana ing Atasmaruta | Menda Prucul kang kawarti | praptèng ngriki lir supêna | njog agrêng Sundara wukir | mèsi suyasèng rêsi | ngatas yun minta pituduh | Pêthangkus nambung sabda | kapasang yogya rêtna di | iya iki yayi dhukuh Ampèldênta ||

31. pituduhe kaki wrêda | iyèngsun ingkang mandhiri | wiku ingkang maha brata | muja mangêningkên budi | wus antuk sasmita di | sujanma wrêda tumurun | ngaku Nabi Suleman | ngêmban timbalaning Widhi | duk samana karweka cocog sajarwa ||

Wêdhus Prucul anggarbini

32. tan winarna dhaupira | Kèn Menda lawan sang rêsi | sawusnya antara lama | tan ana winancak galih | sampat atasing urip | widada kêkalihipun | samana kacarita | tètèsing nutfah wus dadi | Menda Prucul angidham-idham kaworan ||

33. sinome ngrompyoh nèng imba | kadi wangkawa ngawêngi | tandha ing guwagarbana | nayakèng jagad yun lair | wirayat wus mratani | ing janaloka misuwur | samana sang dyah nendra | ngimpi panggya Nabi Kilir | ngandikane wus garbini nini sira ||

--- 1 : 36 ---

34. ing têmbe umahya priya | iku aranana benjing | Radèn Kancil wicaksana | wus pasthi karsèng dzat sukci | putranira sayêkti | pingul dibyambêk rahayu | murwani Daniswara | ingidhêp kewan sabumi | lah ta nini ingkang ngati-ati sira ||

35. nulya nglilir Kèn Maenda | dyan marêk ngarsèng sang rêsi | ngaturakên kang supêna | nyuwun dipun wahanani | Kumênthus muwus aris | sira mênênga mung sukur | mring Hyang Kang Maha Mulya | ywa konsikongsi. kawêdhar nglathi | yèn karungu ing liyan kurang prayoga ||

36. wus dungkap ing kawan wulan | Maenda nora sah ngimpi | para nabi sung wêwarah | lamun jabang bayi lair | sinungan nama Kancil | dupi prapta pitung tèngsu | Kênthus tampi sasmita | ngalamat gaib kaèksi | mawèh tandha yun tumêkèng têpêt mulya ||

Kênthus arêp muksa nganti tumêka ing janjine

37. nabda marang swaminira | yayi sira sun jarwani | sun tan mênangi sutanta | marga wus prapta ing takdir | panêngêran wus kèksi | kang pintêr sira mong sunu | dene praptèngsun masa | yayi sira sun jatèni | lan sun ntèni playaran sagara rahmat ||

38. praptaningsun puput jiwa | amung kurang pitung ari | nur Mukhammad wus tan ana | iku muksising prajangji | marma yèn sira benjing | wus parêk datan kadulu | yeka ran johar awal | lamun kurang tigang ari | palênggahan rasul yayi tan karasa ||

39. ing tutuk panggonanira | dene yèn kurang saari | napas mlêbu mêtu kurang | asrêp kewala sayêkti | sumpêk rasaning ati | wit Hyang Pramana ginulung | angên-angên kuwasa | nggulung napas saking sikil | ing jêmpolan kang kiwa manjing sopana ||

40. nulya mring baitalmuharram |Lebih satu suku kata: nulya mring betalmuharram. ing jantung angukud gêtih | ginulung dadya samrica | wusing gêtih nis manginggil | kumêplas yayah thathit | mring sajroning baitalmakmur | lire bait iku omah | makmur prameyaning urip | anèng kono ngukud kèhing pancadriya ||

--- 1 : 37 ---

41. pangucap ambu pamyarsa | paningal riningkês maring | sajêroning baitmakmurnya | ingaran tanaju'ltarki | utêk têgêse yayi | nulya ingsun nyipta mlêbu | marang pancêring netra | aran Mukhammad hakiki | sajatine angên-angên badan suksma ||

42. têgêse abadan napas | kêna dèn asmani Gusti | wus carêm tunggal kawula | ya ingsun iya sirèki | sajatine mung mami | langgêng wujud awang-uwung | suwunge mêngku ana | jumênêng ngaenalyakin | nêmu'alam jêmbar tan kêna cinêngkal ||

43. liyêp nglangut tanpantara | sarwa sarwendah mênuhi | tan krasa sawiji apa | mung ni'mat munfa'at yayi | ingsun lan sira panggih | jodho nèng akhir katêmu | yeka nugrahaning Hyang | Kiyasmu Sifatu'lkadim | Kanjan mahpyan nora angalap wasana ||

44. hèh yayi kang eling sira | kawruhing kewan wanadri | wus putus Mutakayijan | iku yèn sato 'ilmu writ | luhur tan ana nyami | sasamaning kutu-kutu | nanging janma utama | kawruh mêngkono tan apti | wit manusa tinitah sifat mukarab ||

45. lire mukarab kacêdhak | dening Hyang Kang Maha Sukci | marma ywa kapengin sira | nora luwih wêkas mami | makhluk tataning urip | sampurnakna pangawruhmu | wêruha Sastrajendra | ayuning jagad sakalir | kang mutamat mungguh èsthining pandhita ||

46. têrangna rupaning sastra | myang swara unining tulis | mungguh sifate kang nyata | pêcahing lambe kang nginggil | unine manut angin | napasmu kang manjing kalbu | umunggah sifat kodrat | kumpuling rasa sajati | anèng utêk kang mancorong lir barleyan ||

47. Wêdhus Prucul wusing tampa | bengat pamijanging 'ilmu | tumancêp kulunging nala | ya ta tan antara prapti | malaku'lmaot nuli | saking jro kodrat tumurun | munpakun khayun khayat | tan ana barang kang kèksi | wus sampurna Kênthus jatining têtaga ||

48. kuwandakuwandha. ingupakara | lir 'adat kewan ingkang wis | Maenda dènira wawrat | samanantuk wolung sasi | mangka tinilar nglaki | karantan-rantan ing kalbu | lênglêng linglunging nala | dyan ana swara kapyarsa | saking wiyat hèh nini aja udrasa ||

--- 1 : 38 ---

49. wêlasa kang nèng wêtêngan | yun dadi suryaning bumi | pangaubanirèng kewan | kutu walang taga asih | nrimaa bae nini | wus pasthi karsèng Hyang Agung | lakimu nuksmèng swarga | jinaga ing widadari | nora wurung ing têmbe panggya lan sira ||

50. wus cinêtha sadurungnya | nèng Lokhil-makful ing nguni | mangkya munajada sira | kang nèng guwagarba iki | jabang bayi kang sigit | yèn lair arane besuk | Kancil minangka duta | kanang susila rèh niti | Wêdhus PrucukPrucul. umatur nuwun sandika ||

Laire Sang Kancil

51. wus sirna punang suwara | Maenda gêtun tan sipi | suka sukuring wardaya | parmaning Hyang Maha Sukci | tan kêndhat sabên ratri | para anbiya sung tutur | ri wusnya lama-lama | sampun dungkap sangang sasi | dera wawrat mbabar jalu nuksmèng arya ||

52. akèh malaekat prapta | saha para widadari | sêsanti ngudankên kêmbang | gunasti jaya basuki | nanging tan ana kèksi | marmane Kancil sêmpulur | adoh kang sambe kala | gara-gara andhatêngi | lidhah kilat thathit wangkawa liwêran ||

53. wangwang lir sutejangkara | tanpa kara-kara yakti | nulya na swara kapyarsa | hèh nini sutamu iki | lêstarèkna kang nami | Kancil pêparabe patut | arane kang sanyata | Dèn Bagus Yatin prayoga | wruhanira ingsun iki Nabi Adam ||

54. Kancil nuli rinêsikan | wênêsing cahya rêspati | sumèh pasuryan ngatirah | prabaning waktra nêlahi | surêm soroting sasi | merang kasoran kang semu | laire ri Salasa | Kliwon masa Palgunadi | taun Iwa ingetung surya sangkala ||

55. suwara matênggèng karna | Kèn Prucul ascaryèng ati | dahat suka sukurira | dene cundhuk lawan gaib | wirayat kang dumêling | timbuling pawarta mathuk | muhung kuciwanira | Pêthangkus datan mênangi | among suta puwara Prucul nalangsa ||

56. tujune jinagèng Mesa | sêtya tuhune lêstari | anjaga satru duryasa | kang sarta minangka dadi | êmban mangatas pardi | mardi

--- 1 : 39 ---

budi anênuntun | sakadaring kagunan | winahya têmên nastiti | ing kadunyan têrus praptaning dêlahan ||

57. ngrasa sinambung umurnya | dening Kênthorang ing nguni | samana alama-lama | tan kurang siji punapi | lir kagege Sang Kancil | tan siwah lawan Pêthangkus | êndhèk cilik adawa | abang nom gigire dalir | kulit tipis kêncêng apandhês tur gilap ||

Kancil wis ngancik diwasa

58. kocapa antara lama | Kancil mèh baligu'lngakli | yèn janmaa lagi yuswa | nêmbêlas warsa lumaris | mêmpênge ulah tulis | kawruh têtinggalanipun | Kênthus sudarmanira | buku Landa layang Jawi | kitab 'Arab rontal kropak têmbung Budha ||

59. sadaya kawruh ginulang | wong sinau kang tabêri | lawas-lawas iya bisa | nadyan tanpa guru Kancil | rèhne trahing linuwih | tajêming tyas yayah punglu | pêsate saking tinggar | marma Jawa 'Rab patitis | Mlayu Landa moncol ing rat pramudita ||

10. Asmaradana

1. dene subrataning Kancil | wusnya putus ing kagunan | kêrêp pêpara ngungijènlungijèn. | malbèng wana sunya pringga | jurang trêbis gothaka | njajah ingkang singit singup | munggah wukir malbèng guwa ||

2. ndhugal nakale kêpati | drêngki baut ngrêkadaya | panas baranan panastèn | ngrusak silarjaning dunya | rèh maksih kurang yuswa | dene Maesa Andanu | datan crah mèstuti karsa ||

3. Kancil yèn nêrak trap silib | Maesa matur ngrêrêpa | manyêgah karsaning radèn | ananging ta tanpa guna | wus mangkono klakuan | wong ala tan bisa kawus | yèn durung kênèng rubeda ||

4. ciptaning Kêbo ngantêpi | tekade tan nêdya ginggang | ngawula ing salawase | makathik amanakawan | dunya praptèng dêlahan | ngêmbani barang rèh nurut | minangka walêsing sêtya ||

--- 1 : 40 ---

Kancil lêledhang mrangguli Keyong

5. warnanên samana Kancil | nyingit pribadi lêledhang | marang sapinggiring kalèn | kang mili anjog ring sawah | têtanèning manusa | nungsung tirahirèng ranu | têbih watawis kalih pal ||

6. toya agêng biru wêning | nèng têngahing ara-ara | sukêt ron pinggiring kalèn | Kancil kacaryan duduk. mulat | ananing cêcukulan | Palguna sêdyaning kalbu | yun wruh uluning susukan ||

7. lumaku sarwi mênyanyi | rêngêng-rêngêng ngura gita | têmbungan kang sarta lagon | suluk kawin Sangsêkrita | slawatan pêpujian | nganam-anam agal lêmbut | mangulah liding prakara ||

8. tan dangu lampahnya prapti | ulu kalèn sètubanda | Sang Kancil siram pamrihe | dupyarsa manjing ring toya | Kancil kagyat duk wikan | kewan sajuga gêgêtun | nèng pinggir angum ing toya ||

9. nggrêmêt ngarah-arah ririh | darana dwistha ing karya | Kancil mèksi gèdhèg-gèdhèg | rêrupan ananing jagad | bangsaning buron toya | Kancil manggraitèng kalbu | lah iku buron punapa ||

10. mokaling titah dumadi | asnapun kodrating Pangran | kaliwat timên sarune | khayat khayun kang cangkrama | dumunung ananira | PalhunaPalguna. atêtanya rum | hèh teja kang sulaksana ||

11. tigas mangkya sun mangèksi | wujud sifating kaanan | ngêndi pinakamu kowe | mring ngêndi paraning karsa | nêmbe ingsun uninga | hèh saru sapa aranmu | asal lan jinising apa ||

12. de kaliwat saru nisthip | nistha kauripanira | sinauran ingsun Keyong | jinisku bangsaning toya | akèh tunggal manira | ing bangawan miwah laut | warna-warna kuwasèng Hyang ||

13. kaya ta pongpongan kijing | yode kima kraca bangkang | tirêm kêrang sasamine | ingsun kira nora beda | titah kang anèng wana | sifat ingkang saru-saru | mratani saisining rat ||

14. balik ta sira pribadi | jinis apa ranmu sapa | tuwin ngêndi pinangkane | Kancil mèsêm nambung sabda | sun Kancil ranku ring rat | swarjana kang sarwa putus | gunawan mahardikèng rat ||

--- 1 : 41 ---

Kancil bangêt angerang-erang marang Keyong

15. nanging salawas-sun urip | kêrêp cangkramèng wanarga | samudra kali myang kalèn | durung tau wêruh sira | buron we dahat nistha | sudine kang ngaku sunu | darbyatma kang kaya sira ||

16. luhung cupêta bae wis | urip ndêdawa cilaka | wujud sifatira asor | sarta tyasmu punggung mudha | tan kaprah makhluking Hyang | mobah molah wisma katut | ngrêribêdi barang karya ||

17. cacad bangêt nggonmu urip | kurang sampurna ing rupa | mbok matiya bae Keyong | njaluk urip kang utama | aywa cêmar tan misra | sudine kang angsung susu | nusoni wujudmu ala ||

18. mokal darbea sirèki | kagunan ingkang mulyarja | pantêse atimu bodho | klêlar-klêlêr mak-êmakan | tur tan darbe agama | kitab Kuran nora wêruh | apa manèh tatakrama ||

19. seje lan ingsun puniki | musthikèng jagad wiryawan | turasing dwija kinaot | ibu trahing daniswara | pantês lamun caksana | sabarang kawignyan putus | têmbung ngoko krama limpad ||

20. luwih manèh têmbung kawi | nadyan Kuran kitab Palak | Landa Inggris Fran Sêpanyol | bab etung wutuh pêcahan | tèlêr nomêr sun bisa | ukur elo mètêr putus | bobot litêr kilo myang gram ||

21. sare'at tarekat 'ilmu | hakekat trus ing ma'rifat | asma musamaning Manon | nora kaya Keyong sira | gêndhêng bangêt cilaka | sêpi kawignyaning makhluk | Keyong pinggihpingging. adoh praja ||

22. mara coba sun takoni | rupa lan dununging Allah | pasthi nora wêruh kowe | nadyan bisa ngaranana | anèng luhur akasa | yèku ciptane wong gêmblung | trima lowung anggêr gêsang ||

23. tan pisan nuksmèng utami | sarua ika tarima | tandha yèn budimu rèmèh | romot rucah tan kacacah | cacad dunya akhirat | puniku têdhaking pikul | karêm turu doyan mangan ||

24. beda lan sarjana murti | Kancil susilarja tama | angur mati lamun bodho | rèh eling trahing kusuma | rêmbêsing madukara | rina wêngi mamrih maut | kautamaning ngagêsang ||

--- 1 : 42 ---

25. ywa lir sira tanggung urip | cêmêr ratuning kanisthan | sapa kang sudi mring kowe | caturan kewala sungkan | ingsun iki kabêtah | kajibah awawan wuwus | tan wurung yèn katularan ||

26. lan ngêdohakên rijêki | mêrakkên ati kiyanat | wong cubluk lir kowe Keyong | apa nora darbe wirang | wruh sasamining gêsang | asor pribadi badanmu | klêlar-klêlêr tanpa guna ||

27. kêpêthuk bae niwasi | sasat wong kelangan 'amal | bêgja ilang rijêkine | jroning patang puluh dina | anjangkah nggayuh tuna | wus prasasat tai asu | Keyong dumunung ring sira ||

28. padha-padha buron warih | luwih bodho amung sira | tan maedahi ing akèh | mandhak nulari ing kathah | pêngungira tinelad | luwih gampang tiru blilu | kangelan nyonto caksana ||

29. kaya ta upama janmi | sakolah mring Tuwan Roorda | slawe taun durung êntèk | balik ngaji marang sira | sadina bae pana | rèhning kawruhmu truwilun | blilu kumprung datan pakra ||

30. coba matia bae wis | njaluka urip kang brêgas | lamun kapengin kinaot | ingkang sadu parikrama | dibya niti sasmita | ingsun nguntapakên saguh | tumêkèng jaman kamuksan ||

Keyong tuwuh pambudine nêdya ngasorake Kancil

31. Keyong kathadakatgada. miyarsi | sabdèng Kancil ngerang-erang | tumulya mijil budine | wangsulane anorraga | ywa tanggung budi dama | darmambêk asoring laku | hèh Kancil aja mangkana ||

32. sanadyan ingsun nglêmimir | grumutan kêthêr nèng tirta | nanging tan wegah yèn playon | ngadu dibya kasêntikan | rikat-rikatan balap | utawa bnatêringbantêring. playu | lan sira ingsun kaduga ||

33. lamun pinuju ing karsi | ngadu guna kaprawiran | ngatokkên kautamane | sira lumayuwèng dharat | ingsun ana ing tirta | sira mlajar sun lumayu | cacade sun kapambêngan ||

34. tan bisa yèn dina iki | Kancil sru gumuyu latah | toblas tobat aku Keyong | sirèku apa supêna | nglindur mêlèk-mêlèkan | de wani playon lan ingsun | saya edan têmên sira ||

--- 1 : 43 ---

35. pramanakna Keyong dhisik | lurua kaca brênggala | kang gêdhe têrang padhange | dene ta wani balapan | mlayu angadu yasa | sacêngkal kewala embuh | masa Keyong nututana ||

11. Pangkur

1. Keyong Mangkur nabda kêras | bab palayon durung karuhan Kancil | nanging sun sêmaya besuk | êmbèn esuk balia | marga mêngko sore sun ewuh nênuwun | mêmuja muji raharja | ing Dzat kang murwèng dumadi ||

2. Kancil tyasira sru girang | marwatatma myarsa punang prajangji | sigra nabda amit mantuk | wusing adoh lampahnya | kawarnaa Keyong nalarira cukul | ngumpulakên para wrêda | kulawarga yun pêrgadring ||

3. pêpak sagung nawungkridha | para nitisurti sasmita lungid | sinung wruh wit-kawitipun | dènira pasulayan | lawan Kancil daruna puwaranipun | sadaya kul keyong rêmbag | dene timbuling pamikir ||

4. mangkana pamuwusira | hèh kang guyub kabèh ana ing pinggir | susukan gandhulan lumut | lêt patang mètêr padha | yèn si Kancil wus lumayu nguwuh-uwuh | kang nèng ngarêp sumaura | hèh Kancil ingsun wus dhisik ||

5. dene kang cêdhak andhêgnya | ywa sumaur yèn kêwiyak kang sandi | kabèh sanak-sanak ingsun | enggal padha mapana | ngèli bae supaya rikating laku | kang kongsi takantêkan. ing sawah | kang mulat playuning Kancil ||

6. wus abriparaabipraya. samoha | nalar ingkang wus kasêbut ing ngarsi | nulya budhalan sagung kul | lir inpantri kumandhah | nadyan rindhik nanging rikat kêntir ngranu | sabên patang mètêr juga | keyong kang jaga nèng pinggir ||

7. susukan angêmangum. ing toya | gumandhul ing lumut nyamar tan kèksi | racak samya agêngipun | bangsaning kasusastran | ing sasmita tuwin sampurna ing kawruh | sangkan-paraning ngagêsang | caksana mangulah dini ||

8. budi wus saekapraya | bisa nanggung barang pakewuh prapti | dadya têtangkising kewuh | yèku dayaning nalar | gêcul kumpul

--- 1 : 44 ---

bandhol ngrompol lasanipun | luwih manèh para janma | lamun guyub anguwati ||

9. upamane sapu sada | sajroning suh pinutung nora kêni | wit dayaning akèh kumpul | yèn saka siji gampang | pinutungan wus mangkono 'adatipun | gêmah-arjane ing Jawa | sing Kumpêni ka sathithik ||

Kancil katêmahan kasor dening kawicaksananing Keyong

10. sawusing Keyong sumêbar | kacarita praptanirèng prajangji | Kancil wayah jam nêm esuk | prapta ing sètubanda | sru gambira kang nala dahat kumlungkung | marma anêtêpi sêtya | nèng kono uwus pinanggih ||

11. gumuyu latah tan taha | sarwi nabda hèh Keyong prapta mami | kene maksih umun-umun | yun nyatani ubaya | pratignyanta rikat-rikatan malayu | amung tuturku mring sira | yèn kalah poma ywa isin ||

12. mumpung durung linampahan | prayogane wurung kewala mangkin | aja gêla tyasirèku | sun pasthèkkên panimbang | nora pisan-pisan bisaa mlayu kul | lakumu bae katara | repot anglêlêr tur rindhik ||

13. marmane wurung kewala | yèn sarjana kang durung wus pinikir | pupur sadurunge bênjut | Keyong nambungi sabda | iya bênêr nanging kene wus sun rêmbug | tan ngamungkên sira ingkang | kanggonan budi patitis ||

14. Kancil muwus Keyong sira | nora kêna sun eman mangkya yakti | kumawani isin mundur | ngantêpi culing basa | lah ta age tututana sun lumayu | karo èngklèk pêpincangan | sirig-sirig ngguyu nggligik ||

15. playune mung api ora | ciptanira Keyong datan nututi | mandhak mungkur dènnya mlayu | antuk nêm mètêr nulya | Kancil mandhêg cêluk-cêluk sarwi ngguyu | hèh Keyong sun tututana | burunên iki Sang Kancil ||

--- 1 : 45 ---

16. kul ingkang ngarsa tumanggap | wuwusira rèh wus saeka kapti | kadi kang sampun kasêbut | hèh Kancil tututana | payo ngadu kabantêraning palayu | Kancil kagyat dupi myarsa | swaraning Keyong nèng ngarsi ||

17. sigra-sigra pinaranan | panggya Keyong munggwing têpining warih | pratistha gandhulan lumut | dhasar rupane padha | nora ngira yèn puniku 'akal palsu | Kancil ngunandikèng nala | he e Keyong nggêgumuni ||

18. Keyong nulya sru wacana | kayaparan êndi playumu Kancil | Kancil sigra dènnya mlayu | nyirig-nyirig anyongklang | watara wus têlung puluh mètêr antuk | tandya mandhêg ngundang-undang | Keyong tututana mami ||

19. nauri kang dipun undang | êndi Kancil ingkang ngaku linuwih | tututana playuningsun | Kancil marpêki wikan | wus têtela Kul kèksi gandhulan lumut | Palguna nir kang wêweka | rèh sifating Keyong sami ||

20. Kancil trangginas lumajar | ngantên ngêntingakên ingkang subadi | paribasan sifat buntut | watara satus cêngkal | nuli lèrèn mêmpis-mêmpis manguwuh Kul | saiki sun tututana | kang ngarêp mangsuli wêngis ||

21. iki Keyong wicaksana | lah êntèkna karosanira Kancil | iya sun Kul sudibya nung | murtining buron tirta | kang mumpuni ing kawruh samining makhluk | anaa sèwu lir sira | barêng mlayu sun tandhingi ||

22. lah wêtokna kadibyanta | lan raupa raimu ingkang rêsik | kumawani ngadu playu | lan Keyong dibya tama | Kancil dahat merang dupi myarsa wuwus | plas lumayu kadya kilat | antuk satus mètêr nuli ||

23. ambruk anglemprak sakala | gêrêng-gêrêng ngrintih waspa drês mijil | napase angangsur-angsur | anèng pinggir susukan | gêtuning tyas nora ngira satus èwu | kaelokaning lampahan | paribasan giri lusi ||

--- 1 : 46 ---

24. Keyong tansah panguwuhnya | lah ta êndi kang ngaku dibya murti | dene dahat kumalungkung | budinên sabab apa | têka kasor rikat-rikatan lumayu | lan umat kang bangêt nistha | mangke utamane kèksi ||

25. yèki rupaning glah-gêlah | nanging nora wigih lan gêdhag-gêdhig | tuwin ingkang ambêg digung | paksa unggul priyangga | ngungkak krama wahyèng basa tanpa koguk | lah ta mara tutugêna | êntèkna budimu Kancil ||

26. Palguna têrang miyarsa | pamuwusing Keyong mangèsi-èsi | dahat merangirèng kalbu | nanging njêngêr kewala | narimèng tyas alon maju klunun-klunun | kawula samangke tobat | dhumatêng paduka kyai ||

27. mugi paringa ngapura | sakathahing lêpat kawula kyai | sampun kang mlajar pukulun | njungjungnjunjung. kuping kewala | datan kangkat têlas krosan amba sampun | bunar linglung cipta kula | mênggèh-mênggèh kêmpis-kêmpis ||

28. Kul gumuyu sarwi nabda | dene amung samono togmu Kancil | tan timbang lan culing clathu | lir ngrubuhna akasa | iya iku rupane wong kumalungkung | murang arjaning ngagêsang | kumingsun anggungung dhiri ||

29. prasan atimu Kul nistha | dumèh kuru kèri karo sasami | dèn piyagah ina tan wruh | wêkasan nawungkridha | gunardika sujana putus ing kawruh | satus yuta kang lir sira | tangèh bisa animbangi ||

Kancil anggêguru marang Keyong

12. Dhandhanggula

1. lir cintaka sumbare mring Kancil | Palgunanggung dènnya mangap-mangap | gumêtêr ngarêpkên kalèn | muka nor nguswèng lêbu | sru mabukuh mariklu nangis | bab kasoring kagunan | dening prawira Kul | nulya matur têmbung krama | kramèng titah tataning wong madyèng bumi | darmambêk silotama ||

--- 1 : 47 ---

2. dhuh Sang Keyong kang swarjana murti | èsthining tyas kularsa mruwita | ngatas wasita mring anglèng | Keyong wangsulanipun | hèh Palguna sira wus uning | mubaling pancadriya | ingkang klèru gêtun | dadya piwulang sanyata | kèhing wuruk ala bêcik saka ati | atinira priyangga ||

3. nadyan para nabi wali-wali | wus anglanturakên jarwotama | nanging arang kang cumanthèl | rèh budi nora rujuk | rina wêngi asolan-salin | akèh kang datan yogya | tur ati wis wêruh | nandhing ala bêcikira | parandene kang ala dipun lakoni | rèh durung tau wirang ||

4. wirang iku kasangga pribadi | yèn wus nyangga lahyelinglagyeling. kluputan | iku wêruha sababe | uripe wong sawêgung | jroning ati ana pêpali | amêmulang klakuan | ala bêcik wêruh | rèh kuwat ridhuning hawa | èstu budi kèlu panggawe kang juti | padha sabên wong gêsang ||

'Ilmu wêwêjangane Keyong marang Kancil Bab kalakuwan lan pangampahing napsu

5. lah pikirên wasitèngsun Kancil | aja merang mèt warah wong nistha | nadyan rupaningsun èlèk | nanging pitutur bagus | anênarik tyas nitisurti | kalawan malih sira | ungas ambêk baut | saha nglairkên pangerang | anênacad nguman-uman tanpa kering | têmbe elinga sira ||

6. sakabèhing kewan kutu kumlip | ingkang sifat Khayun-khayating Hyang | pasthi gêdhe paedahe | nadyan barang kang cukul | wujud gumlar isining bumi | kabèh dadya piwulang | ngluhurkên Hyang Agung | kang bodho myang pra sarjana | karodene nguni ciptamu lan mami | mokal kalah lan ingwang ||

7. lawan sira tikêl sèwu kêthi | saking gêdhe dhuwur sifatira | parandene kasor kowe | yeka tandhaning khayun | nora kêna dèn wêwaoni | kang dama sor nistharda | jodhone kang punjul | yèn dama nistha tan ana | wus têrtamtu tama luhur tan pinanggih | bêcik jodhone ala ||

--- 1 : 48 ---

8. gêdhe cilik sugih lawan meskin | lanang wadon bodho lawan limpad | êlor kidul wetan kilèn | ing ngisor lawan dhuwur | surya candra sagara ardi | sakèhing kadadian | kodrating Hyang Agung | kang gumêlar bumi kasa | têtimbangan dunya akhir nraka swargi | iku pikirên poma ||

9. aja sira ngandêlake Kancil | ing kagunan tuwin kasantikan | Nitisastra lukitèng rèh | santero aran punjul | pasthi ana ingkang munjuli | sarèhning pancadriya | pangambu pangrungu | pamuwus saha pamriksa | cukul saka ing liya marmane Kancil | sira ngati-atia ||

10. lamun arsa swarjana murtyadi | dèn wêweka wahyaning wicara | ywa kaya duk wingènane | marma ingsun tan gumun | lumyat solah-bawanta Kancil | kacihna arda dama | tyas kuthung truwilun | pangucapmu wus wèh wikan | yèn kang blilu pintêre amung sacuwil | siranggêp dirgèng guna ||

11. waspadakna umiyat wong bangkit | wus tan tampik sabarang kawignyan | tan tampik takoning akèh | kang sawataranipun | seje kaya sirèku Kancil | pintêrmu mung samêndhang | pangrasanta putus | umuk trahing daniswara | trah pandhita ngaku satriya utami | o gampang têmên sira ||

12. nora kurang satriya trah gusti | dadi kompra nrutus adol kandha | ngalor ngidul golèk-golèk | yèn kojah katon cubluk | awit nome tan ulah budi | turun pindho ping tiga | nuli dadi bahu | radène bae wus ilang | kari êmas mas ngantèn kadhang amung si | yeka wong tanpa guna ||

13. ingkang kadya sariranta Kancil | marma racutên budimu rucah | lir kang wus kwêtu wingine | saha pikirên kulup | akèh para pidak wong cilik | trah kuli olèh bagya | kombul drajatipun | ing mancapraja tan kurang | anak bau sinêmbah-sêmbah sasami | iku sababe apa ||

14. upayanên yèn sirarsa luwih | iku dadi wuruk trah satriya | kusuma kang kaya kowe | antêpana wuwusmu | ngaku-aku satriyotami |

--- 1 : 49 ---

yèn wus panggih sababnya | wruh jêjodhon mau | jodhoning gêsang pralena | jroning urip kudu ngupa tamèng budi | rèh urip nora lama ||

15. urip iku pacanganing pati | masa sira umur sèwu warsa | sangang puluh bae jidhèt | arang kang umur satus | urip akhir tanpa winilis | swarga nraka cinadhang | myata kitab Usul | lafal ma'nane pahamna | pal mayitu pi'alami'lkubri yajit | kalibahu têgêsnya ||

16. pati iku 'alam kubur manggih | badan kadi nèng dunya tan siwah | olèh swarga nraka gêdhe | marma salawasipun | urip anèng dunya ngupadi | budyayu utamarja | mumpung sira kulup | maksih mgrakêtngrakêt. pancadriya | iku ingkang bangkit ngrewangi pamuji | sakumrêntêking dhadha ||

17. lah ajarên nalamu pribadi | rèhning pancadriya manut manah | mring jaba jêro rujuke | tunggal sawiji bagus | bagus solah tingkah myang karsi | karsa kang murang syara' | binuwang linêbur | ngrakêt kang yogyarja tama | têmên-têmên pangêkêring patrap silip | têtêp wong sarjanèng rat ||

18. sing sapa kang bangkit ngampah juti | nyirnakakên nêpsu tri prakara | sida ing kono pamore | kawula Gusti kumpul | nora pisah nora sawiji | jarwèngsun rasakêna | kang umanjing kalbu | wajibing kawula pana | kang pramanêm tindak ala tindak bêcik | iku budi sujana ||

19. bangsa 'ajam ingaran prang sabil | sabilu'llah dêdalan ring Allah | wong kang nyêgah kanêpsone | kang ngubungi rèh dudu | têtêp dadi rêgêding bumi | dadya kapir sanyata | dalil Kuran sung wruh | walkafir sifatu'lkadas | pardikane rêrêgêd sifating kapir | iku ingkang prastawa ||

20. pêpêtêng gêng tumêmpuh ing pati | tan patitis adhêping kamuksan | bab saka rêgêd budine | luput nuksmèng pamurud | marma sira miriba thithik | marang sudarmanira | Sang Dwija Pêthangkus | undhagi murti widagda | pangajaran rèh susila kramaniti | dunya mukswèng kasidan ||

--- 1 : 50 ---

Wêwêdharaning Kauripan ing kene kana

21. Kancil njêngêr lênglêng jroning ati | ngungun njêtung kalairan jarwa | warsitarja sakathahe | wus kajaja dhinaku | awit cundhuk lawan pamikir | luluh lumêkêt ing tyas | atas baitalmakmur | mantêping kawruh murtyarja | Kancil saya ngangsêg nêsêg minta malih | blabaring kanugrahan ||

22. nulya matur dhuh bapak manawi | parênging panggalih suci eklas | amba nyuwun wijang malèh | bab sajatining layu | murud saking iradatihi | Keyong marwata-suta | insya Allah sukur | sira bisa tamba jarwa | pasang cipta karni sopana dumêling | titis tampa wasita ||

23. nabda malih Keyong maring Kancil | poma thole aywa nglirkên wêkas | bab ing urip klakuwane | asiha samèng makhluk | urip iki sasmitèng bumi | dadya saksinirèng Dzat | kang wajibu'lwujud | pacêngkraman kodratu'llah | khayat khayun punika sifating Gusti | Dzat ingkang sukci mutlak ||

24. marma kitab tafsir wus wêwarti | khayun bilarahokin têgêsnya | Allah tanpa rokh uripe | balbi khayati iku | balik urip lawan pribadi | tan têngaluk sabarang | nora ngêlak lêsu | nora susah tuwin bungah | mutamate logat kang mangkono kaki | dadya jatining Islam ||

25. dadi tali pikukuh imani | yèn tan jumênêng khayun punika | ragamu lêbur yaktine | amor lêmah tan wujud | bumi langèt danumaya nir | kabèh gumlaring dunya | yeka khayat khayun | kang mangka sirarsa tampa | 'ilmu rasa rasane ing ngrika ngriki | ungsêdên dèn prayitna ||

26. ana rupa kulup kang sajati | sebak tawon gumana manuksma | lah êndi dumukên thole | wujud kang padha ratu | kinawasa aluwih sakti | panjing-pinanjing karsa | yèku sifat alus | aliru-liniru nuksma | ingkang dadya mukaning wujud sakalir | lah mara aranana ||

--- 1 : 51 ---

27. Kancil matur adhuh bapak kyai | kawula èstu dèrèng uninga | muhung sawêg wruh asmane | mênggah musamanipun | dèrèng sagêd kawula kyai | tan liyan mung sumangga | srah blilu truwilun | nyuwun ngataskarèng têdah | asma miwah musamane kang hakiki | ambèstu yun prastawa ||

13. Sinom

1. pèh amba maksikmaksih. taruna | sagêda muksising puji | aywa muja tawang-towang | suwung wangwung tanpa saksi | kang cocog sajroning sir | Gusti myang kawula jêmbuh | ngênalyakining cipta | amba èsthi kang tan slisir | laksitamba ing têmbe manggih punapa ||

2. sajatine Kul wus wikan | yèn Kancil titah linuwih | têmbe yun kasumbagèng rat | mardu mardika ing bumi | susila kramaniti | budya yu maharja tulus | lulus panjênêngannya | tata titi yudanagri | ambêk tama putus mranata agama ||

3. ngluhurkên dzatu'lmaula | wêdi asih amêmuji | Kancil sinihan ing para | nabi mukmin ulya wali | ahli yukti kang budi | kadarman tyas santa sadu | sutrisna ing sasama | kaananirèng dumadi | pratignyèng rèh 'ilmu rasa sasmitarja ||

4. saha têmbe mêngku drajad | nurbuwat midrawèng bumi | kajibah ruwêt rêntêngnya | sukêrtining rat tinapis | sato kutu kumêlip | wêdyasih manêmbah sayuk | tuhu yèn wirotama | nanging mangke maksih nganti | rèh tinutup sinêngkêr dening Hyang Suksma ||

5. ciptèng Keyong wus tan samar | satiti mèksi mring Kancil | sanadyan ambêke mangkya | nglunyat kiyanat adrêngki | awit durung nêkani | jangji tarbukaning wahyu | maksih sinurang lampah | dèrèng kawistarèng bumi | wahyèng drajad nganti lokh-makfuling kodrat ||

6. marma pramana pamriksa | tandha kasatmata gaib | sumêla antarèng imba | kadya wangkawa ngawêngi | prabane ngilat thathit | pasuryanira nyutèngsu | Keyong nulya mêmijang | mring Kancil sampun dèn ncupi | kawruh murti sampurna ing sangkanparan ||

--- 1 : 52 ---

7. mukswaning angga waspada | yayah brangta ulah 'ilmi | Kancil matur angrêrêpa | bapak kulèsthi yun muksis | ywa bawur samar miring | kyai khususe kang jêntus | gêsang trus pêjah mulya | mulyèng akhir kadospundi | nyatanipun kang têtela kasatmata ||

8. kapriksa netra kêpala | supados mantêping ati | ngèsthi nganggêp ingkang muhtas | sahir kabir dèn ngèngèri | pinungsèng jroning urip | tunggal rasa cipta jumbuh | pamoring Gusti kwula | paran dènnya nglaksanani | laksitanya têmbe ingkang amba sêdya ||

9. Keyong mèsêm nambung sabda | Kancil wuwusmu patitis | mawèh tandha cipta rasa | klair pêcah silèng budi | yèn mangkono sirèki | têmên-têmên pangungsêdmu | èstu datan suminggah | ingsun Darmawasita di | pami wiji cukul ora wit sasana ||

10. sirèku pami panggonan | 'ilmu luwih dadi winih | yèn loh saha rabuk kathah | wijine luwih andadi | woh mêntês mêratani | mawur sumêbar misuhur | kang mangkono sêdyanta | payo umanjinga aglis | marang kana sajêroning guwagarba ||

11. garbaningsun lêbonana | Kancil kagyat matur aris | ing pundi margi kawula | rèh amba agêng tur inggil | tinimbang lan kiyai | buntut kawula kang puthuk | yakti masa sêdhênga | Keyong mèsêm nabda aris | gêdhe êndi sira lan gumlaring dunya ||

12. sakurêbing dirgaloka | kang isi surya sitèngsi | salumah isining dunya | tan sêsak ring garba mami | yèn manjing lobok pasthi | Kancil saya dahat sêngkut | medêm danurjèng nala | matur sandika ing tuding | mèstu tikswèng sutagnya karsa tan taha ||

13. kakyage sira parêka | iki grananingsun kering | dwara adoh tanpantara | Kancil nawang sigra manjing | cocog wasita uning | pintu sajuga anglangut | tan dangu laksitanya | praptèng jro garba myar mèksi | tanpa tirah awang-uwung nglangut nglamat ||

14. tan wêruh kulon lan wetan | lor kidul myang ngandhap nginggil | ngarsa wuri kering kanan | dudu rina dudu wêngi | Kancil sêdhih kang ati | Keyong nabda hèh ta kulup | ywa maras atinira | sanalika Kancil ngèksi | ing Kul Darmawasita asrêp tyasira ||

--- 1 : 53 ---

15. nulya wruh padhanging jagad | lor kidul wetan kulon wrin | ngisor dhuwur têtela trang | wêruh surya candra tuwin | têtuwuhaning bumi | kadulu pêpak sadarum | lawan Keyong pinanggya | nèng sajroning 'alam sahir | saha sami sagêd awawanan sabda ||

16. kul nabda dhatêng Palguna | hèh Kancil kang awas eling | nuli ndêdulua sira | apa kang katon ing warni | kang kinon matur inggih | wontên kang kawula dulu | kantha catur prakara | abrit cêmêng kuning putih | adhuh kyai punika jinis punapa ||

17. mangsuli ingkang tinannya | hèh thole sira mangèksi | durung wêruh asmanira | iku sajatine kaki | pancabayaning ati | kang nênuntun marang dudu | iyèku sifat mokal | dadi manggalaning ati | luwih kuwat nggêgèndèng sifat kang mulya ||

18. yeka paningaling cipta | têngêrana kang sayêkti | ing ngêndi panggonanira | dene irêng abang kuning | iku durtaning budi | ngèbêki jagad jisimmu | dayaning tigang warna | dadi pamurung utami | ambuntoni marang cipta kautaman ||

19. marma sapa bangkit nulak | ing warna bang irêng kuning | katrike munahing tapa | gunadikane tan yukti | ngadhangi tyas kang suci | nyirnakkên sakèhing ayu | arda ngrusak kamulyan | mahyèngkara durtèng bumi | sapa ingkang bangkit nulak sabilu'llah ||

20. bisa wor Gusti kawula | yèn sirna bang irêng kuning | lêstari wor sajugarsa | dene jèrènge napsu tri | dayane datan sami | ingkang irêng luwih kukuh | mahyakkên duka cipta | narik dur pamuring-uring | ngambra-ambra brangasan tanpa wusana ||

21. nutupi pangudi wirya | dene napsu ingkang kuning | nggêgèndèng mring panasaran | cêgah nêmbah mring Hyang Widhi | sabarang karya yukti | pinambêngan kuwat kukuh | kudu karêm musibat | dene kang abang karêm ring | sandhang pangan turu tanpa nganggo duga ||

22. cipta ngangsa-angsa kurang | drêngki srèi kang ingathik | dene kang putih punika | antêng ora ika iki | prawirarja basuki | susila kramambêg alus | 'ilmu sasmita rasa | sarjana murtining budi | santa darma ayu sabaring klakuan ||

--- 1 : 54 ---

23. yeka putih tanpa daya | tansah kasoran pribadi | dening irêng kuning abang | gênti karsa tan watawis | yèku paminirèki | marma yèn ngasorkên têlu | dadi mustikèng titah | murtya di sarjana murti | kanugraning Hyang Kang Murwèng Buwana ||Kurang satu suku kata: kanugrahaning Hyang Kang Murwèng Buwana.

24. tandya nir kang kantha papat | nulya ana malih kèksi | manthêr murub mung sajuga | nanging wêwolu kang warni | Palguna matur aris | dhuh punapa wastanipun | pundi ingkang sanyata | kang yogya dipun ulati | wontên kadi rêtna muncar mawa praba ||

25. saha wênês maya-maya | istha pradapaning jêring | kang wilis abra markata | biru wênês angebati | wênèh lir golèk gadhing | prabanya adi umancur | dhuh punika punapa | Keyong amangsuli aris | wruhanira iku cipta lan pangrasa ||

26. mungguh sakabèhing warna | ana ing sira pribadi | samoha gumlaring dunya | ginambar sajroning jisim | 'alam sahir lan kabir | nora siwah ananipun | waspadakna kang nyata | muhsis pamriksaning sahir | iya iku ing têmbe panggonanira ||

27. mungguh uriping buwana | kang ngêbêki bumi langit | ingisèn dzat wajib mutlak | ingkang jumênêng pribadi | yèn iku tan ngênggoni | tamtu lamun jagad suwung | sabarang tanpa warna | datan manggya makhluk kaki | jroning suwung ana isi wujud apa ||

28. mangkya sun ringkês sajuga | datan kakung tan pawèstri | nora rupa nora warna | datan kasatmata kèksi | mung awra midrèng bumi | iku kaananing wujud | dzat kang mulyèng buwana | musamanira Hyang Widhi | kang ngêbêki dununge panggonan sunya ||

29. dene kang cêngkrama nuksma | aran dzatu'l-insan kamil | dadi sahadat kang nyata | ingaranan salat daim | puni kang tanpa tuding | sahadat kang tanpa asdu | komram dadi pralambang | pasêmone pra undhagi | randhu alas mrambat witing kêsèmbukan ||

30. sifate langgêng tan owah | nora milu ngêlak ngêlih | suka bungah lara lapa | datan pisan dèn rakêti | de kang kanggonan kaki | Mukhammad kang mêngku rasul | rusuling Suksmantaya | ingkang yogya amumpuni | tur waskitha pramana rèh karsaning Hyang ||

--- 1 : 55 ---

31. dene kang cêngkramèng jiwa | Hyang PtamanaPramana. dèn wastani | iku têmbunge wong Budha | kalamun basa 'Arabi | napas arane kaki | mutamating para guru | ing Jawa kang wus pana | napas iku tali urip | angên-angên panggonane kang sanyata ||

32. yèn pisah urip priyangga | jumênêng Suksma sajati | nuksma mratani buwana | Palguna umatur inggih | yèn makatêna kyai | inggih punika saèstu | pathining rasa mulya | kang sayogya dèn ulati | wujud tunggal tunggale yèn sampun pisah ||

33. Keyong alon wuwusira | lah pisahe kadipundi | myang kumpule kayaparan | upayanên kang pinanggih | yèn wus katêmu mangkin | kasêbut jatining wujud | rangka manjing curiga | têtêpe sira lan mami | iya ingsun iya sira tunggal karsa ||

14. PocungTeks asli: Pucung.

1. marma lamun sira tinakonan kulup | apa aran Islam | wangsulana kang patitis | basa Islam têgêse slamêt nèng dunya ||

2. lire ayu panjing wêtunirèng khayun | kaki dadya sêmbah | puja puji rina wêngi | bakin langgêng salami tumitah gêsang ||

3. sapa tan wruh Islame ingkang saèstu | tumiba ing sasar | tlusurên jênênging urip | tanpa kasil prasasat kewan alasan ||

4. kapir kupur kapiran agamanipun | kayaparan sira | tan ulah tandhaning urip | kapriyanghyang mubêng tan darbe pencokan ||

5. jênêng makhluk kadadianing tumuwuh | lire kadadian | pasthi ana ingkang kardi | ananira thole saka kodratu'llah ||

6. nora nêmu Pangeran loro têtêlu | de jatining rupa | iya Mukhammad hakiki | wujudira mulajamah sifatu'llah ||

7. luwih ewuh nggêgulang muksising kawruh | kang wêruh satmata | ewuh rungsit dèn kawruhi | nora wikan yèn cêdhak tanpa gêpokan ||

8. sira kulup anèng jroning garbaningsun | yaktine tan beda | nèng jro harbantagarbanta. pribadi | iya sira wujud tan pisah lan Suksma ||

9. dene sun wus sung wruh sanyataning kawruh | tilik maring paran | 'alam sahir 'alam kabir | nora beda jaba jêro warna juga ||

--- 1 : 56 ---

10. saksinipun yèn sira dulu-dinulu | apa jroning kaca | sawujud 'alam sakalir | nora siwah cocog lan daliling Kuran ||

11. wal'alamu kabir dakala sahiru | jarwane mangkana | jagad gêdhe manjing cilik | wruhanira sira yun manjing akhirat ||

12. warnanipun iya iki kang têrtamtu | ni'mat lan munfa'at | nora ngrasa ngêlak ngêlih | kang mangkono aran jaman uluhiyah ||

13. Kancil matur kyai kula nyuwun tuduh | kadadosan amba | saking punapa ing nguni | wontên ngriki dipun wastani punapa ||

14. mênggah ulun dumunung sajroning kalbu | pundi sasananya | mugi kajarwakna kyai | Keyong Darmawasita gya anarbuka ||

15. wruhanamu mas kaki dadining makhluk | wit Hidayatu'llah | ingaranan rokh ilafi | tunggal wujud dèn arani johar awal ||

16. asal catur bumi gêni angin banyu | kumpule satunggal | iya Gusti iya abdi | sayaktine Gusti kawula sriranta ||

17. lamun puput uswamu bali mring usul | aran wujud tunggal | tan ana kawula Gusti | badan suksma langgêng ing salawasira ||

18. kang kadyeku mati mulih ilang nglangut | kang mati rokh kadas | kang mulih wujudmu kadim | nanging thole nora katon kasatmata ||

19. panggonanmu iya kang dèn arani nur | nuring Mukhammad khaq | pardikane cahya nabi | hakekate ênur cahyanta priyangga ||

20. rupa jumbuh istha cahyaning jabarjud | kuning maya-maya | iku kang sira lêboni | lah puniki rasane karasakêna ||

21. Kancil matur yèn makatên kyai ulun | sampun datan nêdya | wangsul saking ngriki mangkin | sampun kraos judhêg ni'mat amunfa'at ||

22. Keyong muwus ho o kaki iku dudu | yakti durung kêna | lamun tan kalawan pati | aywa sira nggege masa kodratu'llah ||

23. balik amung ngêningna musthikèng kawruh | ngungsêda ing cipta | mumpung gêsang ywa salisir | barang pikir kabèh hidayating Suksma ||

24. saksinipun jroning tafsir sung pituduh | muni innahuda | hudallah jarwanirèki | karsanira saka pituduh dzat mulya ||

--- 1 : 57 ---

25. ing jro kalbu rumasaa sira makhluk | sakrêntêking cipta | ngrasaa dzat ingkang sukci | nanging aja wani angaku Pangeran ||

26. rèhning wujud kidam baka mukalapu | sinandhang ing sira | ing ananira pribadi | al insanu siri wa anna siru'llah ||

27. têgêsipun rasanira rasaningsun | tan liya dzat mutlak | marma tan pisan sirèki | kagadhuhan kuwasa kalawan karsa ||

28. mobah muwus kumrêntêk arahing kalbu | purbèng kodratu'llah | tan miwiti tan mêkasi | tan timbangan datan nganggo lêlawanan ||

29. marma jromu sayaktine iku dudu | rèhning maha mulya | nora pakrana lan dasih | lah budinên manawarsa danurjèng rat ||

30. Hyang Maha Gung nora wênèh ananipun | kartining buwana | gêdhe cilik amênuhi | pandulune pamyarsane anèng sira ||

31. ing pamuwus Gusti datan mawa tutuk | karsa tanpa masa | budinên pasthi pinanggih | awit nora adoh saking ananira ||

32. tan lyan nêmu urip kang luwih pakewuh | rasaning ngagêsang | wus jamak jênênging urip | lir kalpika êmbanan kalawan soca ||

33. yayah alun lan sagara tunggal banyu | myang kalak kênanga | Wisnu Krêsna dadi siji | wujud loro wêwayangan jroning kaca ||

34. paminipun sira yèn dulu-dinulu | anyar sifat padha | jaba paèsan jro carmin | sapa ika sajati-jatine sira ||

35. ingkang maksud nggêgulang lakuning wujud | wong kang ahli tekad | darajatun dunya akhir | kang tan mikir yakti pêkir budi dama ||

36. kudu maksus lumiyat rupa satuhu | lamun wus waskitha | titi kasatmata muksis | nora lami bangkit jumbuh angga suksma ||

37. yèn wus mathuk Gusti lan kawula jumbuh | ywa dèn nggo rêrasan | sungkan kasoran pamanggih | sasabana mangkono trahing kusuma ||

38. lamun muwus parah-parah aja kaduk | awit sêsêngkêran | laranganing dwija wali | yèn kongsia kawahya mêdhotkên jangga ||

39. mung wêkasku ingkang eling pisah kumpul | yèn tunggal lir paran | lamun pisah kadipundi | sabên dina kudu wêruh kasatmata ||

--- 1 : 58 ---

40. aja kanut santri kang kranjingan kulhu | Allah sabên dina | dèn onggrong-onggrong ing dikir | nanging maksa nruthuk mamak tuli wuta ||

41. arang wêruh wandane ngalor angidul | kinandhut ginawa | nyunggi anggendhong anyangking | marma akèh bae santri kang kiyanat ||

42. kitab Usul Kuran RafsirTafsir. kang ginilut | prandene kasasar | èngêtane narik silib | ngambra-ambra kèhing dalil manjing jiwa ||

43. nanging bawur saya gasruh mawut mawur | mirang-miring merang | kêndho nora na ngantêpi | moh mangeran wujud moh mangeran swara ||

44. êmoh ndhaku asma moh mangeran suwung | sajatine sunya | mung aran kang dèn gandhuli | sasat Cina nèng klênthèng mèndêl carita ||

45. durung wêruh nèng dunya panggonanipun | akhir manèh wêruha |Lebih satu suku kata: akhir manèh wruha. ngantêpi unining tulis | panarkane sampurna jênêng manusa ||

46. tiru-tiru rukuning Islam dhinaku | sahdat salat zakat | puwasa myang munggah khaji | akèh bae santri ingkang kasangsaran ||

47. nadyan cukup barêng têka khajji njlêbut | awit arta têlas | dhasar dhuwite mung thithik | inthik-inthik nèng laut kandhêgan utang ||

48. ingsun wêruh contone kêrêp kapangguh | Yogya Surakarta | Kêdhu Pagêlèn Kêdhiri | ing Batawi Samarang lan Surabaya ||

49. wruh saèstu khajji kandhêg luru butuh | anèng Singgapura | Mlaka pulo Penang tuwin | nglarut Acih khajji macul nandur kênthang ||

50. iya iku wong Jawa kang kapiluyu | kèlu ciptanira | Mêkah Madinah kang kèmpi | yun sampurna dèn lakoni utang-utang ||

51. ingkang putus kudu awas saha emut | ning irèng sarira | nadyan khajji ping sakêthi | yèn nora wruh wandane pribadi wuta ||

52. Kuran sung wruh wa man ngarapa napsahu | pakat ngarapalah | têgêse wong wruh ing jisim | ing wandane têmên-têmên wruh Hyang Suksma ||

15. Asmaradana

1. brangta nadyan nora khajji | yèn patitis budi cipta | tan darbe polah kang awon | sanadyan budyambêk murka | yèn badan tan lumaksa | yakti nora nêmu dudu | ing syara' yudanagara ||

--- 1 : 59 ---

2. marma kang bangkit prang sabil | suci dêdalan kamuksan | dunya akhir bagya gêdhe | ambêk santa budi darma | tamarja nyinggah durta | muksising akhir kajurung | jinurung tutug sêdyanya ||

3. wêkas ingsun wanti-wanti | ambudi rasaning Suksma | aywa rumasa siranggèr | ngaku sifating Pangeran | mung narimaa sira | mobah molah mosik muwus | atas karsaning dzat mulya ||

4. têrang yèn sirèku abdi | pamine wayang walulang | mring ki dhalang mung cumadhong | yèku angên-angênira | kumpule tanpa arah | yèn pisah kanthining wujud | padha rupa kaya sira ||

5. lire wayang kewan urip | blenconge Hyang Danumaya | dêbog bumi upamane | kêlire jagad punika | lor kidul kulon wetan | têmu gêlang kongsi kêmput | nurut pakone ki dhalang ||

6. wit ing urip mêngku kalih | sira dhalange myang wayang | aywa nuksma ing tyas awon | rèh badan enggal lumaksa | dhalange tanpa bahya | puniku upamanipun | pasthi lamun tibèng sasar ||

7. Palguna umatur inggih | kasinggihan sabda tuwan | nanging kula kintên dèrèng | sagêd rumakêt susila | ambêk santa budyarja | yaktine klakuan bagus | angèl mênggah ing sarjana ||

8. gampil ingkang tanpa budi | ngantêpi ulah agama | kang mangka kintên-kintêne | awon-awoning manusa | botên sanès kang limpat | kang duraka kèhing dudu | dununge inggih sarjana ||

9. amba yakti dèrèng manggih | undhagi kang lêmbah manah | kang susanta budi kaot | kang kathah durta murkarda | makatên sumrêp kula | pundi ingkang lampah dudu | èstu janma wicaksana ||

10. Keyong pasrangkara malih | Kancil bênêr wuwusira | marma mau sun asung wroh | sing sapa kang sabilu'llah | yakti kramat gêng prapta | lirnya sabil bisa ngêluk | ati ingkang durtèng kara ||

11. sapa kapulêt ing katri | kuning irêng tuwin abang | sida ing kono wurung wong | tan bisa wor Gusti kwula | sasar tanpa wusana | ing dunya akhir kalantur | sira dhewe tampa siksa ||

12. kanut tinuntun ing juti | kagèndèng ing pancadriya | pantoging rèh patakane | dunya akhir tibèng nistha | rèmèh tan yun sujana | kalanggêngan nora ngrêmbug | mung wêdharing karsa ala ||

--- 1 : 60 ---

13. kang mangka urip puniki | nèng dunya upama sanja | umur sapira lawase | têtaunan wêwindonan | maksih nganggo etungan | yèn akhirat tanpa peting |Guru lagu seharusnya: 8u, yèn akhirat tanpa petung. langgêng kang tanpa wusana ||

14. Palguna umatur inggih | kasinggihan bab punika | nanging èsthi kula mangke | rèh amba trahing kusuma | rêmbêsing madukara | kawruh wusananing idhup | amba pusthi tan kawahya ||

15. nanging batin kula budi | kang tanpa ingan pamawas | kang kongsi waskitha mangke | luluh pangudining laya | prandene sinasabab | ywa konsikongsi. kawiyos muwus | makatên trahing satriya ||

16. Keyong pasrangkara aris | iku bênêr tekadira | ingsun nayogyani anggèr | nanging sasab kang utama | sare'ating Anbiya | wus wrata ing jagad agung | lakuning syara' agama ||

17. ginêlar winurukkên mrih | rata tataning agama | yogya nêmbah ring Hyang Manon | dhasar laku wus byawara | narik rèh susilarja | muksis kinarya kêkudhung | mèstu para nabi kuna ||

18. 'alimu kamil mukamil | pangulah laksanèng dunya | pinusthi akhirat kanggo | upama sira lêlungan | ing têmbe bakal pulang | apa kinaryantuk-antuk | kang kanggo ing kene kana ||

19. yeka sare'ating bumi | kang gumêlar kasatmata | kêna kapriksa ing akèh | mungguh sre'ating Anbiya | Kancil matur krepana | lêrês bapak kula nyuwun | 'ilmu jêro kawijangna ||

20. mumpung wontên 'alam sahir | tan mêdal yèn dèrèng têrang | mênggah ing badan lênggahe | ingkang dados 'ilmu rasa | Keyong mèsêm wacana | Kancil majua sun pêluk | kang dinuh ngangsêg manguswa ||

21. murdanya tansah tumiling | pasanging karna sopana | mangkana wijanging Keyong | anggèr iki tampanana | la ilaha illa'llah | wa anna Hu Mukhammaddun | Rasulu'llah jarwanira ||

22. tan ana Pangran sajati | kang sinêmbah dalêm dunya | anging Allah sajatine | Mukhammaddun Rasulu'llah | Kangjêng Nabi Mukhammad | utusanira Hyang Agung | juru wartaning manusa ||

23. de rasul rasanirèki | Mukhammaddun wujudira | mim awal sirahmu dhewe | ake dununge ing dhadha | mim akhir pusêrira | sastra dal têgêse suku | dene Allah iku napas ||

--- 1 : 61 ---

24. nanging napas kang sayêkti | dudu sifating Pangeran | kêmladheyan nunut bae | khayun arane kang nyata | tandhane maksih muja | lêbuning napas muni Hu | lamun mêtu muni Allah ||

25. yèku aran salat daim | mau ingsun wus sung warah | dudu iku sayaktine | wong Budha ran Hyang Pramana | mungguh wujuding Allah | kang ngêbêki buwana gung | dudu angin dudu hawa ||

26. wêkas ingsun manèh kaki | mungguh kanthaning ngagêsang | waspadakna tyas rasane | bab jroning wujudmu ana | mosik mênêng dzat mulya | angên-angênira kulup | winastan khayatu dunya ||

27. ingkang cebol nggayuh langit | lumpuh angidêri jagad | luwih mokal budayane | miyarsa tan mawa karna | nupiksa tanpa netra | ngandika tan mawa tutuk | puniku dzating manusa ||

28. mungguh lungguh ingkang pasthi | nèng utêk sasananira | ing benjang yèn praptèng layon | iku ingkang ngikal nyawa | dèn gulung kadi bolah | wusing nis nyawa kinêlun | angên-angên badan suksma ||

29. sigra manjing 'alam sahir | kang tanpa kinira-kira | rokh ilapi panêngrane | cahya lir nuksmèng cancala | danumayaning kantha | lungsir kuning lungsir biru | wungu warnaning jabarjat ||

30. yeka sasana kang suci | aran jaman uluhiyah | sirèki jumênêng dhewe | sirna Gusti lan kawula | sira pribadi iya | tunggal wujud atêtêmu | pêpasihan ananira ||

31. Kancil pungun-pungun tampi | andhadha surasèng jarwa | nulya matur mêlas asor | miluta lunturing jarwa | kyai amba yun wikan | panêngêraning tumuwuh | lamun mèh têkèng antaka ||

16. Dhandhanggula

1. Madukara Kul pasrangkara ris | sira takon babing panêngêran | yèn arsa têkèng jangjine | lamun kurang sataun | kudu mulat ing wayah enjing | soroting bonu mahya | cahyane umancur | rupa pitu manca warna | êndi ingkang kaya kaca angebati | sajroning kono ana ||

2. jalanidhi nglangut tanpa têpi | thole nulya netramu kèjêpna | tamtu gya parêk ênggone | kasatmata satuhu | kongsi kanggo ing

--- 1 : 62 ---

têlung sasi | nuli salin kang tandha | dulunên wujudmu | wayangan kang warna rêkta | pasthi katon lir sira rupane putih | solah tingkah tan siwah ||

3. dene lamun mung kurang nêm sasi | wujud seta mau tan kapriksa | antuk tri wulan lamine | bêbarêngan andulu | ana warih kumilah wêning | kèksi ing ngarsanira | saha malih kulup | plênggahan rasul tan krasa | yèn wus kurang pitung dina cahya nabi | nur Mukhammad tan ana ||

4. yèn kurang tri dina kulit daging | tan kumrisik myang swarèng talingan | gumrêbêg ilang swarane | yèn kurang sadina wus | Hyang Pramana asrêp kapati | lêbu wêtune kurang | mahya tandha catur | irêng abang kuning seta | anyiptaa ana rupa kang sajati | tan slisir lan rupanta ||

5. nanging nggawa tandha cap kang yakin | sastra alip mancêr ing wadana | yèku panêngêran gêdhe | alip muta kalimun | SatrajendraSastrajendra. ayuning bumi | tumuli sira pasrah | nala ring Hyang Agung | mun pakun pêcat kang uswa | wusing puput angên-angên nggulung angin | nuksmèng sahiru 'alam ||

6. iya iku sampurnaning urip | manjing kanjan-mahpiyan têgêsnya | gêdhong samar panggonane | ngaèn musamanipun | 'alam langgêng tanpa winilis | jumênêng wujud tunggal | ngaènalyakinu | nugraha munfa'at ni'mat | nora nana ing dunya kang ngupamani | karaton ing akhirat ||

7. tanpa arah nglangut angrêsêpi | rata jêmbar tan kêna kacêngkal | kasilir samiranane | ganda kasturi mrêdu | Bangawan Nil nurut botrawi | woh anggur tinaratag | mas pinatik jumrut | pasèt barliyan sumêbar | nèng plataran marma datan rina wêngi | kamulyaning suwarga ||

8. akèh bae kang uwis nastiti | tandhaning wong yun murud kamuksan | miwah swarga kamulyane | sira sun katêmu |Kurang satu suku kata: sira ingsun katêmu. garwa suta bapa myang bibi | sanak sadulur panggya | rèhning jagad agung | jagad cilik nora beda | bangkit panjing-pinanjing jangjining tafsir | kang tan kliru paningal ||

--- 1 : 63 ---

9. 'ilmu iki yèn kewan wus inggil | boboting sato buron wanarga | judhêg mulya panggonane | seje lan janma luhur | kang wus muhsis pangulah 'ilmi | sayakti nora arsa | kabèh mau palsu | kang sarjana musthikèng rat | wus pramana dudu iki kang dèn èsthi | maksih sasar satus grad ||

10. ora nana janma kang linuwih | nganggo 'ilmu lir wijangan ingwang | kang wus kotampani anggèr | ananging mungguh ingsun | atasing Kul iku wus muksis | cukup dunya akhirat | tandhane wus wêruh | kanthi mantêp cipta rasa | rasèng suksma manuksma ing sahir kabir | tamat warsitaningwang ||

11. lah ta uwis Kancil sira bali | marang jaman rame tutugêna | ngawula uripmu dhedhe | mring dunya ywa kaliru | ywa kasuwèn sira nèng ngriki | kèjêpna netranira | Kancil amituhu | kèjêp kang dwi aksa nulya | byar katingal ara-ara pinggir kali | kalèn kalane mlajar ||

12. pinanggih Kul anèng pinggir warih | gêgandhulan lumut Kancil têrang | dahat njêntung ngungun tyase | tapak-tilasing playu | naksih anyar mangka Si Kancil | ciptaning tyas wus lama | pirang-pirang taun | elok mokaling lampahan | sira Kancil gyèngêt patapaning bibi | nèng alas Ampèldênta ||

13. nulya pamit kalilan wus mulih | tan antara praptèng Ampèldênta | atur uninga ibune | purwa wusananipun | amaguru kang ibu amin | tyas suka marwatatma | awit 'ilmunipun | cocog lan suwarginira | langkung malih Maesa suka ing ati | titi panjaganira ||

Kancil karo wong tani aran Sutatruna

14. wus têtela wau sira Kancil | putusing kawruh sampurnèng gêsang | têrusing kamuksan tètèh | nanging cacade amung | kurang yuswa wus ulah 'ilmi | sampurnaning kasidan | têmah kurang laku | watêking sato taruna | kaduk wani ananging kurang dêdugi | dupi alama-lama ||

--- 1 : 64 ---

15. ing panuju ari sira Kancil | pêpara pribadi murang marga | mring wana gung jurang pèrèng | anjajah nggon kang ewuh | guwa-guwa kang sungil wêrit | nulya mring patêgalan | kang cêlak lan dhukuh | ing janma bêbara babad | wus raharja kèh wonge sawatawis |Kurang satu suku kata: wus raharja akèh wonge sawatawis. samya dhêdhukuh gaga ||

16. ana tuwa-tuwaning wong tani | dhukuh kono aran Sutatruna | karan anak Pakne KêdèlGêdèl (dan di tempat lain). | wayahe têngah tuwuh | kèh sutanya jalu lan èstri | ana kang wus diwasa | ananging ta durung | nambut tataning akrama | rèhning mlarat Sutatruna mêngku singgih | kamituwaning desa ||

17. upajiwanira amung tani | nandur palawija warna-warna | waktu samana Pak Kêdèl | darbe tanduran timun | salor omah wayah sumêrit | siji loro kang tuwa | karan timun wuku | kang mangka bênêri masa | larang timun ambaning papan salupit | rong atus sèkêt cêngkal ||

18. luwih ndadi akèh wong kang prapti | para bakul nganyang sèkêt rupyah | Ki Sutatruna tan awèh | kudune pitung puluh | lunga têka bakalbakul. kang prapti | nganyang timun punika | Pak Kêdèl tyas sêngkut | timune tansah jinaga | pinagêran rapêt saubênging têgil | sato mlêbu tan bisa ||

19. kawuwusa malih wau Kancil | miling-miling jabaning talunan | wayahe jam papat sore | kagyat ing tyas dupi wruh | pagêr ndhêndhêng rapêt tur inggil | ngunandikèng wardaya | lah apa ta iku | atrêtip nganggo jinaga | nulya nginjên Palguna waskitha ngèksi | he e dene sarapan ||

20. ana timun sêdhêng rênyah lêgi | tuwa anom nandhing milih bisa | saiba sumrah sêgêre | samana ingkang tunggu | lagi mulih ngupaya warih | Kancil tuwuh budinya | mbarobos malêbu | nèng jêro sukèng wardaya | dupi wikan timun lagya kèh sumêrit | agahan ngangsa-angsa ||

21. nandhing milih ingkang tan prayogi | binuwangan nadyan kang prayoga | amung cinakot pucuke | sinêsêp-sêsêp muhung | oyod

--- 1 : 65 ---

godhong winolak-walik | ron timun ting balengkrah | kêmbang pêlik runtuh | pêntil-pêntil karusakan | ciptanira nutugi sênênging ati | wantu kewan taruna ||

22. watawis wus tigang jam tumuli | sampun surup Sang Hyang Danupraba | Kancil mbarobos wêtune | pangunandikanipun | sesuk-esuk bae sun bali | nutugkên sukaning tyas | amangani timun | tan dangu wus praptèng wisma | Kancil dènnya turu tansah mêrêm mêlik | eling timun satêgal ||

23. byar raina Kancil nulya bali | marang têgal timunan anasak | kèh bosok gogrog pêntile | yèn wus mbigarkên kalbu | mlayu-mlayu anuli mulih | tan dangu anèng wisma | cangkelak awangsul | malbèng pagêr patimunan | esuk sore gulungan koming sêsirig | nahên kang kawuwusa ||

24. Sutatruna angendhangi têgil | yun mangèksi timun nom tuwanya | dupi wêruh tyase jèngkèl | bab rusakirèng timun | akèh gogrog bosok kang pêntil | godhong wit pating slengkrah | woh kèh krowak pucuk | ngungun njêntung jroning nala | e lo kojur dene ta sun nora ngimpi | arda bilai prapta ||

25. kewan apa iki gawe rugi | kapitunan luwih slawe reyal | wasana sru muwus thole | mreneya wruhanamu | suta prapta nulya mangèksi | gèdhèg-gèdhèg anggrêsah | adhuh bapak kojur | buron punapa punika | kang ngrêsahi salami kawula urip | têka dèrèng uninga ||

26. kados kidang tapakipun alit | lêbêtipun ambêrobos bapak | punika bolong margine | wit saking alitipun | wontên ngriki agulung koming | tabête lusah-lusah | kados dèrèng dangu | he e sepahe angêmbrah | kaya kalong pamangane dèn sêsêpi | ananging buron alas ||

27. marma kula tan nglêgewa kyai | saking alitipun tan katingal | tibane wus rusak kabèh | Ki Sutatruna muwus | narimaa thole wus pasthi | rèhning manusa wênang | istiyaring laku | gawea uwong-uwongan | papat pojok lima têngah nyêkêl gitik | kayu randhu kewala ||

--- 1 : 66 ---

28. nganggo sirah tangan tuwin sikil | yèn dinulu katona lir janma | lah age njukuka pêthèl | nulya atmaja mantuk | sigra bali pêthèl cinangking | sinungkên ing sudarma | sigra nêgor randhu | enggaling crita wus dadya | lima iji istha janma nyêkêl gitik | sinung sikil mragagah ||

29. sirah agêng tangan malangkêrik | mandhi gantar sinampiran gombal | tumuli pinasangake | pojok papat têngah wus | bapa lawan anake mulih | praptèng wisma wêwarta | bab rusaking timun | gêtun ngungun wong saomah | kawuwusa Palguna kang dahat ngincih | timun wuku ing têgal ||

30. lampahira duk nèng pagêr ngèksi | pojok papat lima têngah ana | sujanma njêjêr adêge | mathènthèng nyêkêl gêbug | Kancil muwus lah apa iki | mragagah mandhi watang | bandera ing pucuk | apa teta. pandhêl Nèdêrlan | wus pramana têrang manawa mêmêdi | ho o dene wong-wongan ||

31. nulya manjing ing pagêr sêsirig | mlayu-mlayu akoming gulungan | saha marêki mêmêdèn | sru muwus têmbung Mlayu | apa kau ini mêmêdi | pênakut jangan saya | masuk makan timun | tapi nin kita tiadak | ambil takut ada sribu saya brani | kayu binijig sigra ||

32. wusnya ngglimpang rumuh Kancil nuli | marang pojok papat nggon wong-wongan | binijigan ambruk kabèh | nulya mangani timun | sarwi rêngêng-rêngêng mênyanyi | ngguyu alatah-latah | ngunandikèng kalbu | iki sèwu kêthi bêgja | mung cacade ora ana cokak landi | anaa dinggo ngacar ||

33. nahên Kancil ucapên Kiyai | Sutatruna kang darbe tanduran | sabrayat mring têgal kabèh | praptèng kono samya wruh | mêmêdine wus rubuh sami | tumuli pinaranan | Kancil alon mêtu | nanging tan ana kang wikan | dupi padha wruh wong-wongan tibèng siti | tilase binijigan ||

34. kanan kering roning timun malik | sêpah mblasah angêt dadi cihna | yèn lungane durung suwe | wong-wongan lima gupuh | tinupiksa

--- 1 : 67 ---

ing kanan kering | trang rubuh saking kewan | kang durta silayu | tuwuntuwuh. tyase Sutatruna | alon muwus mring sutane thole yakin | kang rusuh iki kewan ||

35. ingsun kira rubuhing mêmêdi | iya saka panggawening kewan | katara kiwa têngêne | bosah-basihing timun | sêpah tlethong angêt katawis | hèh thole prayoganya | ngupayaa pulut | pulut bêndha pulut gondhang | dadèkêna siji ulêtên kang murni | pasangna ing wong-wongan ||

36. ingkang kandêl kang alus manawi | gêlêm bali mbijigi wong-wongan | pasthi pulut plikêt kêlèt | wit cilik kiraningsun | kewan ingkang ngrusuhi iki | sêmbranane andadra | gawe krugianku | kang sinungan ling lumampah | ana ingkang nggawa wêdhung arit kudhi | cuwo kinarya wadhah ||

17. Sinom

1. para mudha kang ngupaya | pulut marang wana sami | antuk wit gondhang lan bêndha | cuwone dipun kêbaki | têkèng omah tumuli | winuwuhan malih sampun | pulut nangka lor wetan | wus winèhkên kang sudarmi | tinampanan pinasangkên ing wong-wongan ||

2. lima pisan kandêl rata | winatara nyatêngah dim | mêmêdi dèn dêgkên sigra | sadayatma kinèn mulih | Sutatruna pribadi | kang tunggu ana ing gubug | dangu angantya-antya | dupi wayah 'asar inggil | samana Pak Kêdèl lèyèh-lèyèh nendra ||

3. kêpati wong tani yuta | sadina dhêg ngangkat kardi | wuwusên Kancil wus têka | nginte-inte pagêr srisig | wêruh ingkang mêmêdi | wus ngadêg manèh lir wau | sigra malbèng timunan | njujug sandhinging mêmêdi | tan uninga yèn tinambahan wisaya ||

4. Kancil mèsêm sarwi nabda | hèh sira iki mêmêdi | ada sribu saya tidak | takut jangan ambil posing | apa lu mau jadi | kendati trebang trak takut | lah mau main apa | sekadrun sekeremdagi | apa sukak marilah kita sêgotrah ||

5. apa lu trak cari kabar | ini Kancil memang cerdik | antero bukit dan hutan | trak brani lawan sedikit | dari sayini sakti |

--- 1 : 68 ---

jangan lagilah mukak-ku | randu nyang purak-purak | rupa orang saya brani | tradak heran kau mau kejadian ||

6. tinabok punang wong-wongan | tinepang suku kang ngarsi | katampan pulut wus makan | suku kanan dèn gandhuli | dinudut nora kongkih | wali-wali pulut nggandhul | Palguna durung wikan | mandhak ascarya ing ati | malih nabda hèh bêcik mêmêdi sira ||

7. sêmbrana aparikêna | dene anggandhuli sikil | ingsun dudu mitranira | kojak tabik cara Landi | salaman kaya khaji | prasan atinira patut | yaktine kurang tata | tan wêruh dugi prayogi | têtêp sira murang silaning akrama ||

8. dene têka sumantana | nganggo nggèndèng-nggèndèng sikil | wruha yèn rupamu papa | amung mandhi gombal jarik | ciptamu lir angampil | pandhêl mas Nèdêrlan umuk | jatine rontèk nistha | gombal amoh jarik lurik | jaran kepang Kramaleya Samarata ||

9. punang pulut saya gupak | Kancil tambah sukèng ati | gumuyu alatah-latah | suku kang kering nêmpiling | thèmêl pulut nggandhuli | sigra murdèng Kancil numbuk | ganul pitrang wus mangsah | marang cangkêm irung kuping | suku ingkang wingking mancal wus katampan ||

10. pulut mulêt gupak wrata | nutupi dalaning angin | gebas-gèbès sru subadya | nora daya malah mipit | mêpêti dalan angin | kagyat ing tyas wruh yèn pulut | paekaning manusa | sakala Kancil anangis | ardaningkang sangsara nêmpuh sarira ||

11. ngantêp budi tiwikrama | ngapalakên mantra sêkti | kêmat bandung bandawasa | kêmayan lan donga sêpi | gilingkre Gilingwêsi | tracah bêsmah balasrèwu | nurbuwat donga kasah | ayat-ayat sinuksmèng sir | wêlut putih panglèmunan donga Sleman ||

12. pulut maksih plikêt kuwat | kêkêt lèngkèt buntut kuping | dadya sakêpêl pangrasa | Kancil rumasa tan bangkit | hèh para mitra sami | kang maca saha kang krungu | sapambak kasusastran | myang 'ilmu kang luwih-luwih | lamun nora wêweka têmah sangsara ||

13. Kancil lêsu lêsah ing tyas | pulut lèngkèt midrèng jisim | dupi wus nir dayanira | mangkana osiking ati | ho o dene ta dadi |

--- 1 : 69 ---

rubeda sèwu miliyun | tan wurung puput jiwa | tinjo marang jaman akhir | saking pitrang bêndha ingkang èstha janma ||

14. ingsun sêsuwun ing Suksma | manusa kang masang sandi | muga-muga ngungkulana | satus sangsaraku iki | têtêp janma tan yukti | mitênah samèng tumuwuh | walêsing Dzat wasesa | tan lawas pasthi nêmahi | 'adat kuna wong siya nêmu cilaka ||

15. dhuh Allah Kang Murbèng Jagad | wêlasa satriyotami | kang manggih bênduning Suksma | lantaran janma tyas drêngki | tan wus badhe ndhatêngi | khayat khayun yun ginulung | dayaning pulut bêndha | nangka gondhang paksa srèi | wus katêkêm pangwasanirèng sujanma ||

16. rèh sampun tita diwasa | kawula molah tan bangkit | mupus karsaning Dzat Mulya | kang wajibu'lmaujudi | marma mêmalad budi | muhung nêgês karsèng ulun | lunturing trêsna tuwan | kang mayuta-yuta margi | datan kirang kodrat iradating Tuwan ||

17. kèhing kewan wanawasa | èstu tan sagêd nulungi | bab pulut 'akaling janma | marma liyaning Hyang Widdhi | kang paring sih ing dasih | wajibing sifat kadirun | bi la alatin lirnya | kawasaning Maha Sukci | datan mamèt lêlantaran gaibing Hyang ||

18. kadi datan kêkirangan | matrapkên siksa mring Kancil | lah bok sampun srana pitrang | mindhak dados kidung benjing | Kancil gêlahing bumi | têmah kasasar ring laku | kajlungup ing sangsara | datan sah lakuning 'ilmi | dadya kondhang lir undhang margi prapatan ||

19. pêjah amba dados koran | Locomotief Bramartani | Bintang Timur Slomprèt Mlajar | Java Bode ing Batawi | kabagyaning rêdaksi | pra korèspondhèn manjurung | yèn Kancil kenging saya | malbèng babad jaman akhir | sinawung ing têmbang dadya uran-uran ||

20. saiba wirang kawula | dados gêguyon ing benjing | dene Kancil nawungkridha | ulah dini dibyèng bumi | susilarja mumpuni | sadu parikrama ayu | tyas dirga samahita | têka katamèng pranatis | adhuh Rabbi'l'alaminna tobat amba ||

--- 1 : 70 ---

21. ing dintên wingking tan nêdya | ngrusak tanduraning tani | kang tanpa duga watara | wana tan kirang rijêki | gumêlar ing sabumi | ingkang sêgêr lêgi kêcut | dadya panganing kewan | kang mangka kulambêk srèi | ngrusak palawija panganing sujanma ||

22. sabab kasupèn kawula | amila nyuwun aksami | hèh surya candra tranggana | bumi gêni angin warih | rewangana minta sih | ring Dzat kang wajibu'lwujud | suwunna luwar ingwang | saking sangsaya puniki | tan wus mati tan pakantuk kênèng siksa ||

23. hèh kutu wong alang taga | mujia ayuning Kancil | sukur salah siji wignya | awèh lantaraning urip | ngluwari kang piranti | rupa janma carma pulut | kang lumêkêt ragèngwang | kang yun ngêlun nyawa mami | lah wêlasa ring kusuma witaradya ||

24. adhuh ibu sori amba | punapa ta datan ngimpi | pun Kusnun kenging rubeda | bapa kêbo paran mami | tulungana dèn aglis | dhuh nabiku satus èwu | saha wali sasanga | myang yogiswara mahmuni | 'ulama gung musanip para pukaha ||

25. pintanên luwar kawula | abot siksa nêmpuh jisim | dahat susah sayah lêsah | tan wun kulit daging gusis | lamun kang masang prapti | kawulèstu winayungyung | kinarya mêmainan | watêking manusa jail | pinilara tan wande yèn pinêjahan ||

26. kang mangka wong tani desa | kaya buta doyan daging | Rase Luwak Kuwuk doyan | aja ingkang daging Kancil | rèh sujanma datan wrin | yèn Kancil putus ing kawruh | caksana nawungkridha | ing kasusastran mumpuni | datan wurung kinayah lir kewan rucah ||

27. yèn wruha gunadikèngwang | wirama ulah lêlungid | putus munah kang tiarda | murtyambêk susatyèng wukir | kadhang sun dèn guroni | wruha wicarèngsun 'ilmu | saking bodhone ingkang | masang pulut mikat Kancil | mung miyagah ingsun kewan bodho mamak ||

28. he e dene tan ana wlas | wus ratuning pasthi mati | yèn tan wis sasa'at êngkas | tinarik talining urip | uripe wiji aming | yun mati kabèh ragèngsun | ngênting panlangsanira | kongsi luhe dadi gêtih | tandya Kancil nêkung ing puji mantrarja ||

--- 1 : 71 ---

29. jinumbuh ing puji puja | tyas wêning paningal êning | mênêng ngèksi tikswèng grana | jumbuh kawula lan Gusti | napi isbat pinusthi | maksa tan wal saking pulut | nulya nêbut istifar | kalimah tayibah ndhrindhil | maksa tita diwasa judhêg tan daya ||

30. angapalakên kidungan | ayat limalas kang pamrih | enggala luwar sing pitrang | nanging pulut angranuhi | yèku lêpiya dadi | têpa larasing pituduh | cocog daliling Kuran | kang kajarwa nèng 'Akaid | hayukbilulipikdiintisal lirnya ||

31. nora tinarima sira | rèh sêpi tan ngalap warti | têrange kang sapa manggya | rubeda kang nggêgirisi | tan sirna saking puji | awit sadurunge nêmpuh | tan pinikir dadunyadadinya. | marma janma kang tyas murti | wus pinikir sadurunge mas kinambang ||

18. Maskumambang

1. wus mangkono atining wong ngaku luwih | wruh ing kasampurnan | ambêk jumbuh kwula Gusti | prasan atine wus pana ||

2. dupi nêmu pakewuh Gusti tan bangkit | têtulung wèh luwar | padha lan kang wus wruh 'ilmi | dèn andêlkên nora kêna ||

3. dumèh putus ing kawruh kang dakik-dakik | yèn katêmpuh lara | 'ilmu êntèk sirna gusis | marma padha rasakêna ||

4. ri kalane Kancil murang sila yukti | tan tinimbang nalar | angên-angêne tan mikir | mung nguja wêdharing durta ||

5. apa manèh manusa jaman saiki | dahat muji muja | nanging yèn wus anèng sêpir | utawa yèn lagi susah ||

6. kawuwusa Kyai Sutatruna nglilir | dènnya lêlèyèhan | gregah tangi yun mangèksi | wong-wongan kang mawa pitrang ||

7. kagyat ing tyas kang lor kulon datan kèksi | wus anyakrabawa | rinubuhkên kewan drêngki | kang dahat gawe pituna ||

8. sigra cancut trangginas anglinting klambi | marani nggonira | kagyat Pak Kêdèl mangèksi | kewan kang nakal wus kêna ||

9. nulya surak-surak amarwata siwi | têtaya tayungan | uning unong jênthik manis | tibaning gong pasrangkara ||

--- 1 : 72 ---

10. padha manèh padhaa sira lan mami | untap-untapana | kewala prasasat mirib | bilai antakanira ||

11. rasakêna sira dhustha laku juti | maling palawija | mêmagan tindak pranatis | panastèn gawe pituna ||

12. ana timun lagi wayahe sumêrit | dene sira dhustha | bisa têmên karya rugi | luwih yèn rongpuluh reyal ||

13. dyan cinandhak Kancil maksih kêmpis-kêmpis | Sutatruna nabda | he e sukur ijèh urip | cilik têmên têka ngglathak ||

14. wus sinrimpung sikil papat dadi siji | nuli tinalenan | pulut binuwangan rêsik | marang gubuk ginosongan ||

15. dèn brukakên kantêp Palguna anjêrit | dyan thinuthuk sangkal | ing pêthèl ênggon pok kuping | pêt sumaput konang buyar ||

16. huh rasakna êndhasmu saiki posing | nora wurung mangkya | praptèng wisma dadi tai | balunge kang ênom rênyah ||

17. mung cacade cilik têmên tan mratani | tangga-tangganingwang | mung bangêt lêganing ati | sirna werinirèng têgal ||

18. lah kapriye iki wus sore kang wanci | jam satêngah lima | punjule patbêlas mênit | bocah ora ana têka ||

19. prayogane nuli sun gawane mulih | yèn kawêngèn mangkya | pangolahe kewan iki | enggal-enggal Sutatruna ||

20. sikil kancil taline wus dèn kêncêngi | cinocol pikulan | kasisihan kayu garing | Kancil gumandhul ing ngarsa ||

21. samantara laksananira wus prapti | sapinggiring dhadhah | Pak Kêdèl nguwuh ing siwi | hèh thole kewane kêna ||

22. samya ngrungu swami suta priya êstri | mêthukkên gancangan | gumrubyug sabrayat sami | bungahe marwata suta ||

23. suka sukur para tangga akèh prapti | samya takon warta | tuwa anom gêdhe cilik | lanang wadon êlur prapta ||

24. sadaya kang nonton durung ana kang wrin | warna myang arannya | nyalênèh samining kumlip | warta kewala tan ana ||

25. kono ana janma wrêda marêpêki | mring kang nêmbe kêna | pamuwuse kaki-kaki | iki Kancil aranira ||

--- 1 : 73 ---

26. sasamining têtaga nakal pribadi | baut ngomandaka | ngrekadaya ngathik-athik | nanging ujaring wirayat ||

27. kang wus kocap ing kuna rontal tinulis | iki dadi srana | sarate wong among tani | bisa nyingkirake ama ||

28. buntut kanggo nyêbar gaga iku benjing | dene patrapira | pinêndhêm madyaning têgil | winor godhong dhadhap kleyang ||

29. mung sadina sawêngi nuli dèn jrangking | sabên masa gaga | maksih kanggo bola-bali | dene tracak papat pisan ||

30. bisa dadi sarak yèn kinarya jugil | nandur kacang tunggak | kacang lanjaran andadi | lan nyirnakkên ulêr wana ||

31. cumplungira pinêndhêm tulakan sabin | kang kiliran toya | ama mênthèk walang kalis | wulu dadi tamba kadhas ||

32. kulit tipis lêmês wulêt kanggo mranggi | gawe jangêt kuwat | dadi tali jara bêcik | iwak lêgi gurih kêsat ||

33. nadyan dèn nggo ulap-ulap uga kenging | lulange punika | rèhne tipis rangkêp kalih | Sutatruna suka ing tyas ||

34. saha para brayat swami tuwin siwi | angrubung Palguna | ana kang njèwèr nyalênthik | ya ta surup Danupraba ||

35. Kyai Sutatruna nabda marang swami | êmbokne lir paran | prayogane iku Kancil | sinambêlèh sapunika ||

36. bokmanawa kasulak wêngi tan rêsik | iki sun watara | jam nênêm luwih sathithik | olahên sakarêpira ||

37. biyang Kêntruk mangsuli dhumatêng laki | yèn panujwèng karsa | ing mangke dalu prayogi | wanci bangun mijil lênga ||

19. Mijil

1. ingkang kaping kalihipun kyai | kula sampun kongkon | ngajak-ajak tangga samya dhèdhèl | mbucali glagah gadhangan gagi | dintên benjing-enjing | Kancil kangge lawuh ||

2. nadyan alit tinambahan krambil | rinêmpah kemawon | murih babar warata ing akèh | ingkang priya nabda bênêr yayi | wayah bangun enjing | lêmu gajihipun ||

--- 1 : 74 ---

3. sarèhning wus kasulak ing wêngi | dokokna ing pawon | ngarêp luwêng kurungana bae | sênik gêdhe tindhihana nuli | watu kang supadi | kukuh nora mêtu ||

4. uculana taline ing sikil | dèn bisa têturon | mubêng-mubêng anèng jro sênike | nulyatmaja sami nyandhak Kancil | kinurungan sênik | tinindhihan watu ||

5. Sutatruna nutug sênêng pikir | dènnyantuk bêburon | Kancil ingkang karya ngguyokake | akèh tangga kiwa têngên prapti | pitakon ingkang wit | Kancil kênanipun ||

6. sinung wikan yèn kênèng piranti | pulut kèh kang njontong | rigên nalar mungguh kapikute | tan ngapaa rupane anylinthis | ngrusakakên pêntil | timun kèh kang runtuh ||

Kancil karo Asu

7. ya ta wau Kancil kang nèng sênik | dhat-dhatan andhrodhog | gêtêring sanubari puate | ciptaning tyas wus tamtu tan urip | tiwikrama ngungkil | sênik nora keguh ||

8. dahat kukuh watu kang têtindhih | ciptèng nala ngaso | pasrah ing tyas narima patine | wus rumasa yèn tan antuk margi | lantaraning urip | kang bisa têtulung ||

9. nabda dhuh Sang Sukci Murbèng Bumi | sumangga kemawon | kawula mung sumarah sapangrèh | tan rumaos amba darbe jisim | kataman ing pasthi | sirna trahing pungkur ||

10. kabudayanamba sirna ênting | siniksa dening wong | awit saking klakuan kang dede | culika gung tindak kang tan yukti | katêmpuh bilai | aksamanên ulun ||

11. dyan ngêningkên panêngêran pati | sawiji tan kalong | dahat ngungun pangunandikane | hèh dene ta sèwu mokal iki | sun tan praptèng pati | apa marganipun ||

12. sigra mêpêt napasira Kancil | nyipta nganyut layon | rumasa wus tan wurung patine | ya ta ing ratri wanci jam kalih | Sutatruna nglilir | anggugah ing sunu ||

--- 1 : 75 ---

13. Kêntruk Mênik kinèn marut krambil | sawuse mirantos | bumbu-bumbu sapanunggalane | anèng omah kewala lamun wis | sadaya rumanti | rèhning maksih dalu ||

14. pating klêpruk mêcah marut krambil | jawah cinariyos | Kyai Sutatruna ngon-ngone |Kurang satu suku kata: Kyai Sutatruna ngon-ingone. sona lanang abang buntut putih | ratri rèhning riris | Srênggala malêbu ||

15. mbrobos gêdhèg angupaya gêni | rèh adhêm mring pawon | kêrug-kêrug nèng ngarêp luwênge | ngringkêl anèng awu cêlak sênik | Palguna duk uning | Asu kêrag-kêrug ||

16. nulya darbe èngêt ngreka sandi | wajib wênang goroh | wong katêmpuh ing bilai gêdhe | ngomandaka kêna yèn nguripi | nulya nabda wêngis | Kancil marang Asu ||

17. sigak-siguk hus-hus mambu sangit | hèh sira Sagawon | lah lungaa kang adoh dèn age | ywa nèng kene wèh kuwuring ati | kang lagya mangèksi | ing dzat kang linuhung ||

18. sun mulya di susila rèh niti | kusuma kinaot | putus guna dibya sasamine | si cing si cing sumingkira anjing | ingsun lagi sêdhih | mambu sira langu ||

19. gawe kuwur nyipta nrang ing Widhi | najis marêk kêlon | ing pamawas tan awas ciptane | lamun sira cêraki puniki | jêjambaa maring | kali adus slulup ||

20. ambunira bacin prêngus lêdhis | bab panganmu crobo | patut têmên Kirik sifat kere | kuru kèri karo samèng kumlip | tanpa guna niti | mung ngèngèr uripmu ||

21. karam mutlak cêmêr tanpa budi | cêgahanirèng wong | dahat nistha dama sirik gêdhe | kitab Hadis Kuran wus njarwani | sor-asoring bumi | tan ana lir asu ||

22. sona kagèt krungu sabda wêngis | nginjên kang anèng jro | atêtannya hèh ta sapa kowe | nêng jro sênik akêmêring-kêring | bangêt ngèsi-èsi | mring padhaning makhluk ||

23. apa sira kang kênèng piranti | pulut kang istha wong | uwong-wongan randhu wingi kae | sumakèhan têmên tur gumaib | Kancil nabda malih | o budhêg Si Asu ||

--- 1 : 76 ---

24. nora krungu tan yun ngupa warti | atimu lir togog | tunggal kobong iku pardikane | ingsun kira lêluhurmu nguni | kakèk moyang Anjing | marma tyasmu kuthung ||

25. durung manjing pasamuan lungit | dêlês tyas Sagawon | tan wruh guna myang tatakramane | apa manèh sastra 'Arab Jawi | sasmitarja 'ilmi | nora pinaèlu ||

26. kitab Kuran Hadis ulah dini | tan pisan mangartos | sabab srawunganmu salawase | kirik kuru gudhigên agêring | mung ngupaya tai | iku kadayanmu ||

27. lah ajara titi surtèng budi | budya yu kinaot | ingkang neka-neka pangawruhe | supayane bisaa umanjing | mring padhanging bumi | kumpulan wong putus ||

28. ho o Asu tan ngrasa sirèki | uripira bodho | solah wicaranta tandha rèmèh | bobote sun iki satriya di | pangrasamu kenging | punang saya puluh ||

29. tan wruh sun dèn ulati wus lami | wit kèh barkah ingong | siji loro têlu-têlu gawe | dhihin kinèn dadya mestêr tulis | pindho mulang 'ilmi | ping tri pinèt mantu ||

30. marma dahat kapungsèng binudi | mungguh praptaningong | mring si Bapak Sutatruna kinèn | nglaksanani tri prapara iki | nanging sun tan apti | yuas-sun luwih kukuh ||Lebih satu suku kata: tyas sun luwih kukuh.

31. sapiraa yèn tan pinèt siwi | sinaosan bojo | suta èstri kang gêdhe karone | Rara Kêntruk kalawan Kèn Mênik | nadyan ingsun sêlir | si bapa jumurung ||

32. saking dahat kasêngsêm ing warti | bab kotamaningong | trahing daniswara ingsun kiye | marma nastiti sabarang bangkit | putusing agami | gêgamaning maut ||

33. yèku wite prawan ro gung kingkin | bapa biyung condhong | uga ngrujuki si kakang Kêdèl | marma wus katêkêm ngasta mami | si rara kêkalih | arsa ingsun wayuh ||

--- 1 : 77 ---

20. Kinanthi

1. kêkanthèng roro garwèngsun | si bapak nyarah ing karsi | amung kinarya jimatan | pinèt turun trah sun benjing | yèn turasing wicaksana | pasthine bangkit nuruni ||

2. lawase wus pitung taun | dènnya mrih sabên kapanggih | ingsun ingimur kinudang | winèhan sabda mêmanis | sinungan garwa parawan | Dyah Kêntruk lawan Kèn Mênik ||

3. nguni sun sakêthi lumuh | nambut tataning akrami | dene mangkya sun manyarah | watara kêna ing dhêsthi | sêmar-mèsêm jaran-guyang | marma dèn pasangi kenging ||

4. wong-wongan kang crêma pulut | sun wus wêruh yèn piranti | saking wêlas sun mring bapak | nrajang pulut nuli kenging | tansah kinuswa kinudang | pinangku dèn isik-isik ||

5. sun molah sarosa gêtun | yun miruda ciptèng galih | laju linêrêpkên ingwang | malêbu jêroning sênik | tinumpangan watu krama | sarat supaya sun krami ||

6. dêlêngên ing duwurdhuwur. iku | watu kang tumumpang sênik | adoh pinangkaning sela | cênthang Kuthagêdhe iki | sing sapa kang kaungkulan | kuwat wayuh prawan kalih ||

7. sesuk ijab banjur têmu | sa'at Ahmad wayang enjing | nuju wuku Mandhasiya | Dewa Kamajaya Ratih | suku ro kêkobok toya | mandhi umbul-umbul kalih ||

8. gêdhong mênga ngarsa pungkur | kayu gurda manuk nori | etung satriya wibawa | iku dina benjing-enjing | tumurune Sri Sadaya | pancasuda tiba bêcik ||

9. marmane lurahmu gusruk | mêcah krambil marut krambil | ngolah sidêkah wiwaha | mêmule ngatur-aturi | dhanyang kang kahyangan miwah | kang cakal-bakal ing ngriki ||

10. bojakrama nanggap krumpyung | tangga-tangga dèn suruhi | mangka kaurmatan ingwang | jaka antuk prawan kalih | lah mara sesuk nontonna | Asu ing bawahan mami ||

11. saiba untungmu balung | dhasar sira karuh mami | balung kang nom tan sun klêthak | sun uncalakên sirèki | sêga wuduk golong punar | tuwin walimah sun wèhi ||

--- 1 : 78 ---

12. apa manèh roti gandum | martega keju sirdhèncis | lan lidhah sun wèhkên sira | ywa sumêlang yèn sun gêmi | nora ana trah satriya | ingkang kumêt saha ithil ||

13. ingsun rèh wus kondhang kidung | ranku ring rat datan kalih | mardu kasêbut swarjana | caksana budi martani | widagda pangulah yoda | dibyarja sujana murti ||

14. iku sababe dèn luru | midêr ing rat njajah wukir | sapira bae saratnya | masrut kinarya ngupadi | marang sarirèngsun mangkya | katêmu cêk lagi wingi ||

15. pamungsênge bapak iku | kabrangtan saka pawarti | dhasar nyata kang pawarta | kang midêr anyakrawarti | Kancil trahing Yogiswara | Kênthus dhepok Ampèlgadhing ||

16. marma yèn wus dadi mantu | lugyènglunggyèng. bale jèjèr linggih | lan bapa biyung pra kadang | sun kabênêr tuwa dhingin | mangan sêga tuwin iwak | wedangan tèh nuli nyukit ||

17. hèh Sona tontonên sesuk | adining panganggo mami | raja kaputran sarwendah | wah ingsun anèng jro sênik | watu canthèng kang tumumpang | pusaka jêng senapati ||

18. sona duk prastawèng wuwus | Palguna dahat mêmengin | kani'mataning kamulyan | Srenggala dahat kapengin | wit kênèng sih pamiluta | wusana pasrangkara ris ||

19. bagyanta angumbuk-umbuk | seje kaya awak mami | ngèngèr kirik kongsi Sona | nora dèn trimani siwi | luput sathithik kewala | pinênthungan dèn pisuhi ||

20. pirabara pinèt mantu | mung trima ywa dèn kêrêngi | sayuta suka wiryèngwang | aja kang lir sira Kancil | têka wingi kinasihan | mandhak tinariman siwi ||

21. apa ta Kancil dongamu | saha sarate punapi | supaya sihing bandara | bok ingsun njaluk sathithik | têtulunga wong cilaka | pasthi yèn sun walês benjing ||

22. lah malih manawa sarju | ciptanta kang rila suci | pacanganmu kang sajuga | sing êndi kang sira tampik | prayoga paringna mring wang | sun tampani tangan kalih ||

--- 1 : 79 ---

23. têlungane sira baut | bisa nandhing milih rabi | sêmpulur saciptanira | bobote kewan wanadri | sadarpa kinayalepa | paran nggon sun ngirib-irib ||

24. supaya tiru sirèku | apa sun manjing jro sênik | kang kongkulan wauwatu. bêgja | parênga panêmpil mami | cuwilna lelatu'lkadar | kadi kang sinihan Widhi ||

25. Palguna nabda mring Asu | mungguh prayogèngsun mangkin | ingsun ngalah tampanana | wanudya ro mring siranjing | ananging salah satunggal | ywa sira wayuh tan bêcik ||

26. siji kewala wus untung | dene mungguh awak mami | darbe swami wong punika | durung mathuk ing panggalih | kang dhihin rupane kiwa | pindho asor tanpa krami ||

27. wus mangkono prawan dhusun | irêng mbêsisik alêdhis | lamun pinggiring samudra | rambute abang njuwuwug | cahyane lutih yèn prawan | pinggiring bangawan pasthi ||

28. bêlang krowak tilasipun | gudhigên pating bênyinyih | rèmbès raine amangkak | bêlakên sikile kalih | utawa bubulên padha | ambune amis abacin ||

29. ingkang ingsun pungsêng amung | wanodya atmèng priyayi | putus silakramèng priya | sutaning panèwu mantri | bokmanawa kabênêran | bapa seda mlêbu waris ||

30. sukur sèwu lamun antuk | dhuwure panèwu mantri | sangkêping warna utama | ulat tangguhe rêspati | nugraha gumantèng drajad | dadi abdining narpati ||

31. biru sèrèt payungipun | dèn iring panurung lampit | yèn gaweku bêcik munggah | dadi kaliwon bupati | kongsi tumrah putra wayah | iku 'adating priyayi ||

32. mangkono Asu ciptèngsun | marma pinèt mantu suthik | rèh wong desa luwih papa | tanpa tata yudanagri | yèku Kyai Sutatruna | wong dhukuh tur tani bêntil ||

33. rèh sun bangêt wêlas ndulu | marang ing sira samangkin | urip sapisan nèng dunya | rina wêngi lara ati | yèn darbe bojo manusa | dhasar bandara pribadi ||

--- 1 : 80 ---

34. iba ni'matira besuk | marma karsaningsun nuli | manjinga sênik dèn enggal | nggêntèni kawiryan mami | ingsun sèlèh kadrajadan | sira gumantiya waris ||

35. sesuk-esuk ijabipun | surup rêp pangantèn panggih | 'adate balangan gantal | ingayap kang para ahli | panggya nèng madyaning lawang | sikilira dèn wisuhi ||

36. dening bojomu Dyah Kêntruk | nuli kanthèn canthèl jênthik | lunggyèng kêbèt seta jajar | samantara angabêkti | mring para wrêda sadaya | sigra sêga iwak mijil ||

37. kadawan lamun sun tutur | enggaling crita sira glis | manjing jêroning pasuptan | sakarsa-karsamu dadi | mahyakkên asmara tantra | manuhara rarasing sih ||

38. Srênggala nambungi wuwus | kayaparan ingsun manjing | ing sênik rèh ndhuwur ana | watu canthèng mangka tindhih | apa sun ungkil kewala | mêngko watune nibani ||

39. Palguna sumambung wuwus | e bodho têmên Si Anjing | mangkono bae têtannya | klimput nalarmu nyang ngêndi | lah jongkèngên iku sela | supaya tiba ing siti ||

21. PocungTeks asli: Pucung.

1. yayah pucung Srênggala angungkil watu | tungku kang tumumpang | anèng sadhuwuring sênik | tibèng kisma Palguna tyasira suka ||

2. dupi krungu watu tibane gumêbrug | wus nyiptantuk marga | sihing Hyang Kang Murbèng Urip | lantarane saka pitulunging Sona ||

3. Kancil muwus age malêbua Asu | mring jro sênik ana | kabagyan Lelatu'lkadri | tampanana kamulyan kang tanpopama ||

4. ingkang emut gêganjaraning tumuwuh | bêcik lide ala | Asu manjing Kancil mijil | mahya saking sênik bablas têkèng latar ||

5. nulya emut aywa katara yèn palsu | bali sigra-sigra | marang pawon sandhing sênik | alon nabda hèh Sona sun tan kapenak ||

6. ingsun pundhut bali kabagyan sun mau | sun timbang ing nala | datan prayoga wong nampik | nora wurung antuk sikuning Hyang Suksma ||

--- 1 : 81 ---

7. ingsun emut Darmawasita sung tutur | ywa nampik sabarang | lamun durung olèh tandhing | kang sinêdya yèn wurung katêkêm ngasta ||

8. mangka durung kacêkêl kang ingsun luru | marmenggal mêtua | sun jabêl kewala mangkin | ingsun arsa bali marang sênik Sona ||

9. owêl gêtun sira tampani bêgjaku | amung srana trima | pangalêmbana ing lathi | Sona matur nor raga amêlas-arsa ||

10. sèwu nuwun manawi paduka pundhut | bok inggih bêndara | sampun kagungan panggalih | amangsuli dhawuh kang sampun kawahya ||

11. datan baut matur têmbe walês ulun | tan langkung mung pasrah | mring Hyang kang samingun basir | ingkang wikan awon saening kawula ||

12. nambung wuwus Kancil sru gumuyu ngguguk | yèn mangkono sira | dahat wus mathêm nampani | sèwu suka sukur mantêp mêngku garwa ||

13. sun jumurung rahayu bagya sêmpulur | muga tumêraha | nanging ing têmbe ywa lali | wis ta Sona kèria slamêt sun lunga ||

14. nulya mlayu sukèng tyas marwata sunu | bagya tanpa kira | sasat mati urip malih | wus 'adate duka ciptantuk kamulyan ||

15. dahat sukur ing Hyang Kang Murbèng Pandulu | nulya gêgulungan | jingklak-jingklak asêsirig | sarwi rêngêng-rêngênrêngêng-rêngêng. ngura-ura gita ||

16. nahên kang wus ucul kacarita wrêku | kang nèng sênik tansah | anggagas kawiryan adi | ngajap-ajap enggala tumêkèng rina ||

17. kabagyèngsun sesuk-esuk tanpa petung | ijab nuli panggya | lungguh jajar lan bok rabi | sun nèng têngên KiNi. Kèn Kêntruk lunggyèng kiwa ||

18. tan cinatur pangrêmbug mulyaning Asu | wus trontonging surya | bangbang wetan mèh byar enjing | jam satêngah lima tambure yun munya ||

19. nguwuh-uwuh Ki Sutatruna mring sunu | hèh thole tangia | pragatên ika si Kancil | mumpung bangun esuk kèh gajihe nglênga ||

20. gupuh-gupuh kang ingagnyan gregah wungu | ngadêg nyangking gobang | mring pawon marani Kancil | kagyat mulat sênik tindhihe wus tiba ||

--- 1 : 82 ---

21. kiranipun Kêdèl yèn Kancile ucul | rinogoh yèn ana | nabda he e sukur isih | sru gambira sênik binukak sakala ||

22. sikil catur kacandhak tinêkêm kukuh | glis ginawa mêdal | kala nèng pawon tan kèksi | sabab maksih pêtêng tan pati nglêgewa ||

23. wusnya mêtu nèng latar têrang yèn Asu | binanting saksana | kantêb tibane tan mosik | pêt sumaput Sona dahat kapidhara ||

24. dyan pinênthung klèngkèngan tansah pinupuh | Kêdèl sarwi nabda | adhuh katiwasan Kyai | Kancilipun binadhog dening Srênggala ||

25. gupuh mêtu sabrayate èstri jalu | Kyai Sutatruna | dupi myarsa swarèng siwi | nyandhak slumbat milu mala marang Sona ||

26. sarwi muwus dene ta saya kêpaung | denira caluthak | nora pisan amarèni | ngingu kirik kongsi Sona tanpa tata ||

27. nora patut wêwalêse wong diingu | nyêkêl manèh yaa | mandhak nyêkèk mring si Kancil | hèh ta thole nuli titikên tilasnya ||

28. apa ucul apa binadhog ing Asu | karuhane mangkya | gampang ênggone matèni | kudu têrang ywa kongsi gawe duraka ||

29. pinriksa wus kayaktène Kancil ucul | lamun pinanganna | ing Sona ana kang gêtih | nadyan ucul uga panggawening Sona ||

22. Asmaradana

1. Srênggala kasmaran arsi | miruda rèh yun pinatyan | marang Bapakne si Kêdèl | sigra-sigra dènnya lunga | sêdya nêgês ing Suksma | pêlênging tyas maring gunung | malbèng guwa Suracala ||

2. Palguna ucapên malih | mulih praptèng Ampèldênta | nora êsah pangungune | lakuning tumitah gêsang | têrang ngrakêt sangsara | wus akèh kupiyanipun | ingkang durga kang susila ||

3. bab wus nglaya njajah bumi | nyêrang wèsthi pancabaya | Kancil saya mêmêt tyase | nênitèni lêlampahan | kewan sato wanarga | dahat undhagi ing kewuh | saking kathahing lêpiyan ||

4. kang ganal tuwin kang gaib | tingkah polahing sasama | pinulung manuksmèng batos | marma kèn Maenda bungah | punapa dene Mesa | dahat ascaryaning kalbu | wit momongane caksana ||

--- 1 : 83 ---

Kancil karo Gajah

5. dupi samantara lami | lêledhang malih Palguna | awit saking gambirane | mring nggon kang durung winruhan | ngiras pantês ngupaya | pangan ing saolèhipun | samana kacaryan ing tyas ||

6. ana papan kang prayogi | nguni tilas pakarangan | manusa ingkang dhêdhepok | nyambi among tani gaga | dene papaning wisma | arja sawataranipun | ananging tan kongsi lama ||

7. tinilar kewala nuli | ana sabab kurang têrang | maksih katara tapake | batur wisma pawon kandhang | wus kathukulan glagah | alang-alang kandri sêmbung | kêmadhuh uyah-uyahan ||

8. parnah lor wetan tan têbih | ana tilasing guskara | tawinge mubêng wus longsor | awit wêdhi lêmahira | maksih jêro wus asat | korugan romot-romot wuh | lamun udan kilèn toya ||

9. dene ambaning parigi | ana tri mètêr Nèdêrlan | sapuluh mètêr jêrone | Kancil sunya pasang cipta | nir prayitnaning nala | nusup-nusup kajalungup | têmah kacêmplung guskara ||

10. kagyat ing tyasira Kancil | kumêsar kêkonang buyar | dupyèngêt wruh lamun jêro | pangunandikaning nala | saiki ingsun sida | mati anèng jêro sumur | marga ora bisa mêntas ||

11. nulya klintar-klintêr mlipir | jinjat-jinjit andêngangak | tumênga tumungkul bae | ngira jêroning guskara | apa dene ambanya | Kancil amicarèng kalbu | yèn tan antuk gaibing Hyang ||

12. nora wurung têkèng pati | wus ana tandha satmata | sumur samene jêrone | sanadyan anaa andha | sun iki sikil papat | kaya paran pamancatku | ewasamono manawa ||

13. ana pitulunging Widdhi | atas kauripaningwang | malaekat nyunggi gêdhèk | sinèndhèkkên kene nulya | pasthi sun bisa mêntas | ananging sun durung wêruh | malaekat nggawa êmpyak ||

14. Kancil nuli mêrês budi | mêmuja ing Suksmantaya | ngêningkên kalbu sêdyane | anjêrit kanang suwara | sahdat klimah tayibah | têlu kang pinudyèng têmbung | sinahit mutawasitah ||

15. mutaakhirah prituwin | muta awilah katrinya | galik-galik suwarane | wusirantuk kalih dina | tan ngombe datan nadhah | nulya

--- 1 : 84 ---

na Gajah gung luhur | wisata krungu suwara ||

16. angêlik agalik-galik | mêmuji marang Dzat mutlak | ngucap têtêlu klimahe | ngluhurakên Nabi Sleman | ratuning sato kewan | Dwirada kenyut ing kalbu | mangkana Liman osiknya ||

17. swara apa nggèndèng ati | ewuh panyakrabawèngwang | ucape kanthi pasêmon | ngapilkên klimah tayibah | ngluhurkên Nabiu'llah | Suleman ing jagad agung | èstu iki wong utama ||

18. yèn dudu kewan murtyadi | tan baud mring têmbung 'Arab | njungjung karatoning Manon | pantêse iki utusan | Oliyaning Pangeran | sigra linuru katêmu | ana sajroning guskara ||

19. Kancil kang sru muja bêkti | lungguhe njingkrung amawas | tikswèng nasika dèn ilo | Palguna nglirik mring Gajah | mung wêruh sawatara | kalamun angungak sumur | age dènnya pasang cipta ||

20. rèhning wus putus ing sandi | sakêplasan nora kewran | mingising budi nalare | ngupaya sirnèng sangsara | sêngadi tan uninga | malah saya tambah sêngkut | sinêngkakkên swaranira ||

21. tandya Gajah tanya aris | Kancil sirèku lagyapa | dene ta ana ing kono | wataraningsun wus lama | katara tapak tilas | punapa Kancil sêdyamu | kang tinakon tanggap sabda ||

22. sarwi tumênga nauri | mring Èsthi kang ngungak-ungak | ho o bodho têmên ta nèh | apa nora krungu warta | caritaning kiyamat | Pangeran wus paring dhawuh | gumêlar anèng Musakab ||

23. mratani ing bumi-bumi | tinampèn para Anbiya | kang sinêdhahan ngabarke | mring umat tunggal agama | wus dene Nabi Sleman | rina wêngi tansah muruk | bab praptanirèng kiyamat ||

24. muhung kurang têlung ari | tangkêbing bumi akasa | mung pitung dina lawase | ingaran kiyamat sogra | uwis arêp tumêka | lah apa sira kalimput | tan ngèsthi unining kitab ||

25. dene wus sinung pamyarsi | pangucap ganda paningal | panganggonira wus suwe | tan ngupaya kautaman | kang sayogya ingalap | aywa dahat kumprung pêngung | tan maelu dalil Kuran ||

--- 1 : 85 ---

26. marma wêruha sirèki | tangkêbe bumi akasa | kurang tri dina têkane | marma sun malbèng jugangan | rèhning kiyamat sograsigra. | mung sadhela langit mumbul | mangkono dhawuhing Suksma ||

27. yaktine yun karya suci | Allah ngrusak wong durcara | kèriya kang yukti bae | marma sun iki istiyar | ywa katangkêban kisma | wajibe atasing makhluk | ngupaya sarating gêsang ||

28. dhasar trang dhawuhing Nabi | Suleman kinèn ngupaya | jugangan sumur kang jêro | supaya ywa katangkêban | saha sun kinèn maca | klimah tayibah kang jumbuh | sirnaning Gusti kawula ||

29. La Ilaha Illa'llahi | Mukhammadan Rasulu'llah | nuli sun gulung rasane | ilat tinêkuk ing cêthak | mawas wijiling napas | lawan manêmbah muni Hu | ran tarèk nakisbandiyah ||

23. Maskumambang

1. ywa Kumambang ing kono panggonan kang ning | nêgês ing tyas pana | mring Dzat Kang Murwèng Dumadi | nuyla katon kasatmata ||

2. panêngêran Dzat mutlak kang ngenalyakin | wujud sifat seta | tan siwah solah myang warni | mila kodrating Pangeran ||

3. kacihna yun nyirnakkên sukêring bumi | kang ngrusak silarja | kang mungkir tataning dini | karsèng Hyang bakal binrastha ||

4. bebas larut ingkang malang-malang gusis | mungguh ing klakuan | wus kabyawara nèng Hadis | nuli-nuli klakonira ||

5. saking kira-kira panimbangsun Èsthi | têlung dina êngkas | tumêkane ingkang jangji | yèn tan ngandêl tumêngaa ||

6. dhuwur bênêr langit iki wus kaèksi | ika mêngkap-mêngkap | kèri sèkêt pal watawis | Gajah ndêngangak osiknya ||

7. he e nyata dene tan ana pawarti | layak Kancil ngupa | sarana sambunging urip | umanjing marang guskara ||

8. pantês bae muji angêningkên budi | wong wis tampa prentah | dening Suleman Jêng Nabi | ratuning sato wanarga ||

9. kutu-kutu kang gumrêmêt kang kumêlip | kang sarta wiyangga | ing bênawi myang jaladri | ngidhêp Suleman samoha ||

--- 1 : 86 ---

10. pantês bae Jêng Nabi murtining bumi | ganal gaib wikan | aja kang tangkêbing langit | nadyan khirat wus pramana ||

11. Brajamuka alon nabda marang Kancil | adhuh sang sinihan | wêlasa mring amba mangkin | kawula srah jiwa raga ||

12. yun mruwita karatoning Maha Sukci | ing dunya dêlahan | ciptamba ngupaya yukti | nêtêpi syara' utama ||

13. mèstutyarja ing satêblat puji dikir | muja Suksmantaya | marma yèn panujwèng galih | kawula ndhèrèk paduka ||

14. sêg-êsêgan wontên ing jugangan sami | dunya akhir tunggal | mituhu tataning dini | kawula anjlog kewala ||

15. Kancil nabda o Gajah sira tan mikir | saking bodhonira | arsa tunggal anèng ngriki | ewuh pakewuh asêsak ||

16. kapindhone sira iku agung inggil | ingsun cilik andhap | yèn tan kabênêran mati | golèk urip têmah lena ||

17. nora wurung macèdhèl kapidak sikil | tlapakanmu kaya | tampah nyamlêng anasabi | sarirèngsun tanpa polah ||

18. nadyan ingsun ndhampènga ana ing gigir | uga tan kapidak | nanging tansah ingsun sêdhih | marga tlethongmu Gajaksa ||

19. mangka suwe nèng kene nunggoni jangji | kongsi pêndhak dina | tlethongmu tan wun ngrêgêdi | iba susahe tyas ingwang ||

20. wong wus rêsik suci awoworan tai | apa manèh muja | kalimah tayibah muksis | Dwirocana nambung sabda ||

21. lah bok inggih paduka têtulung urip | bab sêsaking papan | sarta rêgêding rêrêpih | prayogamba ing paduka ||

22. kula gendhong tansah wontêna ing gigir | gêgêr amba wiyar | èstu wagêd klintang-klinting | Kancil suka ing wardaya ||

23. ngunandika ing taystyas. sukur bage Èsthi | saguh nggendhong ingwang | yèn wis anèng gigir mami | nuli munggah amancolot ||

24. ingsun kira iku Gajah rolas kaki | kuranga sapira | sun nyêngka nrancag manginggil | kaya nuli bisa luwar ||

25. alon nabda lamun mangkono prayogi | yèn sira kaduga | salawase nggendhong mami | ngêntèni bubar kiyamat ||

--- 1 : 87 ---

26. ingsun ndhampèng anjloga Dwipa dèn aglis | angkahên ywa midak | sun kamiwêlasên ngèksi | marang sira Brajamuka ||

27. wêkasingsun dina akhir aja mungkir | sun sambungi gêsang | sarana nalar utami | olèh marganing raharja ||

28. nulya Kancil ndhampèng sanalika Èsthi | malêbèng guskara | anjlog kang pratiwi gonjing | nuli njêrum Brajamuka ||

29. sarwi matur paduka minggaha gigir | sampun wancak driya | pintên bobot tuwan inggih | Kancil miturut ing têdah ||

30. munggwing gigir ngadêg mlaku wira-wiri | alon pasrangkara | coba ngadêga sirèsthi | sun arsa miyat kang tandha ||

31. sun têrangne kapan tangkêbing pratiwi | yèn kurang têtela | mêngko sun ngatas Jêng Nabi | nuwun priksa besuk apa ||

32. wusnya ngadêg Gajaksa nuli Sang Kancil | ngukur kurangira | saking dharat têkèng gigir | kari rong mètêr kewala ||

33. ciptèng nala mancêlata durung dugi | kawêkèn tyasira | mênêng ngupaya pambudi | budayèng dora sêmbada ||

34. aywa kongsi katara dènnya ngapusi | marang Dwirocana | dènira mèt 'akal sandi | rèh atasing urip wênang ||

35. ngupa srana isarat ingkang nguripi | nanging ywa mitênah | awit khayat khayun dadi | sifating Hyang Maha Mulya ||

24. Pangkur

1. kapungkur gunging piwulang | Kancil nulya nabda dhumatêng èsthi | kayaparan pamikirmu | apa sun matur nêrang | sowan jangkêngkangjêng. nabi ngatas ingkang dhawuh | têkaning dina kiyamat | besuk apa kang wus pasthi ||

2. ingsun manut karêpira | apa amung ngêntèni anèng ngriki | Dwipangga alon umatur | bab punika prayoga | lamun sarju paduka ngatasa dhawuh | sowan Jêng Nabi Suleman | benjing punapa kang mêsthi ||

3. manawi kalamèn têngga | wontên ngriki kalirên datan bukti | pados gêsang têmah lampus | dene yèn sampun têrang | benjing dintên punapa ingkang saèstu | paduka kalihan amba | mlêbêt ing jugangan malih ||

--- 1 : 88 ---

4. Palguna tanggap ing sabda | yèn mangkono ingsun arsa sumiwi | age unggahna mandhuwur | sarana tlalenira | Kancil nulya kinruwêl ing tlale sampun | kainggahakên dharatan | srêk tan rêkasa nèng nginggil ||

5. Kancil alon sabdanira | hèh Gajaksa sira tungguwèng ngriki | poma-poma wêkas ingsun | ywa sira lunga-lunga | lamun ingsun durung bali aja mêtu | Dwipa manthuk Kancil mentar | sukèng tyas marwata siwi ||

6. sasat pêjah manggih gêsang | sukur ing tyas antuk parmaning Widhi | sèwu yuta nuwun-nuwun | lir manggih wukir rêtna | jingklak-jingklak sirig-sirig pacak gulu | wus mangkono kauripan | tan siwah kewan lan janmi ||

7. Palguna èngêt ing rena | ingkang anèng pasraman Ampèlgadhing | praptaning dhepok katêmu | uga samya raharja | dupi antuk rong dina Kancil gya emut | ubayane mring Dwirada | kang ana ing sumur mati ||

8. enggal dènira wisata | tan kacrita ing marga praptèng prigi | uluk salam 'alaikum | Aku'lmikmin Dirada | anauri wa 'alaikum salamu | Kancil ngungak alon nabda | ho o bênêr sira èsthi ||

9. ingsun wus ngatas parentah | nyuwun wikan praptanirèng prajangji | kangjêng nabi paring dhawuh | Hyang Kang Murwèng Buwana | durung têmtu panggulunging bumi pitu | tangkêbe bumi akasa | gumantung karsaning Widhi ||

10. ananging pasthi klampahan | rèh wus komram kasêbut dalil Hadis | pangandikaning pra Kutup | kang winahya ing Kuran | marma kangjêng nabi pangandikanipun | besuk yèn kurang sapasar | paring dhawuh marang mami ||

11. Jabarail kang dinuta | angupaya ngêndi nggone pinanggih | dhawuhing Hyang mangke mundur | dhawuh iku pacuwan | tan karilan sabên kewan bae krungu | nanging ingsun sira padha | dhinawuhan ulah dini ||

--- 1 : 89 ---

12. njênêngkên klimah tayibah | rina wêngi kinèn cipta tyas eling | salat sarta sujud rukuk | kadya prentahing Kuran | saha kinèn nggêgulang surasèng 'ilmu | kang maksud sajroning tekad | kang cocog surasèng dalil ||

13. mangkana jarwaning cêgah | wa sre'atu bi la tarekat batil | têgêse sare'at kudu | nganggo 'ilmu tarekat | lamun datan mangkono batal kang laku | tarekat bi la ma'rifat | loro iku tanpa dadi ||

14. têgêse 'ilmu ma'rifat | barang kawruh kudu wruh tandha saksi | surasa myang rasanipun | tanpa kacakrabawa | basukining nala narima satuduh | sajroning atimu ana | patang prakara 'ilmu writ ||

15. iyèku 'ilmu sare'at | tarekat lan hakekat ma'rifati | papat pisan kudu wêruh | kang muksis ingkang pana | jênêng urip wus pasthi jodhone lampus | nèng akhir nêmu panggonan | kang tan ana ngupamani ||

16. Dwipangga tanggap ing nala | wasitaning Kancil kang wus kawijil | mawèh tandha ahli 'ilmu | sangkêp silaning gêsang | praptèng layu sangkanparanira putus | Gajah matur nganor raga | silakramanirèng urip ||

17. dworadadwirada. nir subasita | tanpa kira lamun panggawe sandi | amung ngungun mantêp njêtung | rèh tyase wus kakênan | kênèng wuwus dibya pangulahing 'ilmu | dhasar nyata Kancil tama | putus 'ilmu dunya akhir ||

18. Palguna malih manabda | rèhne sira nèng sumur kadipundi | lah apa ta bisa mêtu | saking daya priyangga | lamun nora bangkit ingsun enggal matur | marang Bagendha Suleman | malaekat kang nulungi ||

19. nanging prayogèngsun Gajah | êntèkêna kuwat rosanta dhihin | budidayanirèng kalbu | dene lamun wus tita | nora bisa ingsun ingkang enggal munjuk | Brajamuka nambung sabda | yèn namung sêmantên inggih ||

--- 1 : 90 ---

20. kados-kados dèrèng wêgah | ewadene yèn têlas ingkang budi | tan daya amba pukulun | inggih masaboronga | wangsul ingkang sampun mung samantên baud | paduka nyingkira enggal | kawularsa mamèt budi ||

21. manawi katut ing kisma | Kancil mire Gajah tumandang aglis | sarosa gadhing tumanduk | njugrugi ngering nganan | ngarsa wuri têmah longsor punang sumur | warata padha sakala | mangkono digdayèng èsthi ||

22. aja kang tilas guskara | nadyan jurang pèrèng wrêksa gung gusis | samantara Dwipa mêtu | saking tilas jugangan | Kancil maksih nunggoni arsa wèh tutur | nulya Dwirocana mendhak | èsthane ujung mring Kancil ||

Gajah minta lan tampa pitutur 'ilmu wejangane Kancil

23. sarwi matur nganoraga | manuhara mlas-arsa milutèng sih | adhuh Sang Widagdèng Kawruh | bijaksa nawungkridha | amba nyuwun barkah puruhitèng 'ilmu | sare'at dini'lmustafa | kamuksan tingkah agami ||

24. agama gaman akhirat | manjing Islam kangge ing dunya akhir | amba nyuwun wijangipun | ingkang wijang-wijangan | galur turut têturutanirèng 'ilmu | ingkang kangge ngriki ngrika | rèh paduka aku'lmukmin ||

25. amba dèrèng nate wikan | kewan wana kang putus 'ilmu jati | cakêp silaning tumuwuh | wanuh lan Nabi Sleman | saha bangkit mêdharkên 'ilmu linuhung | marma sadarpa mêminta | sajar wijangirèng 'ilmi ||

26. têdahna ing sangkanparan | kang sanyata kulèsthi dunya akhir | nadyan kinèn ambêk sadu | sabar lêgawèng nala | yèn wus têrang gadhuhan kawula tuhu | dados botên lêbar lahan | mangkana sabdaning Kancil ||

27. bab iku luwih prayoga | sira darbe cipta kapengin mami | nglakoni mangulah 'ilmu | agama kang sampurna | Islam kudu mituhu

--- 1 : 91 ---

rèhirèng rusul | pra nabi kêkasihing Hyang | gampang kewala yun 'ilmi ||

28. 'ilmu apa bae ana | ingkang dakik-dakik atasing urip | abote pitukunipun | nggadhuh 'ilmu utama | ingsun kira sira Gajah durung cukup | tyas sudirja paramarta | sabar perang rina wêngi ||

29. darêdah akèh kang ala | rina wêngi wahyaning pikir silib | kêrêp kalindhih kang ayu | dening dajal jin setan | luwih kuwat panggodha dayaning napsu | yèku lakuning Oliya | sapa kang bisa nglakoni ||

30. sayaktusayêkti. mukmin utama | manut ing rèh napsu kang rupa putih | lurus mulus cipta alus | anglês rasaning driya | budi pasèk bidêngah sirna sadarum | yèku kang kasêbut Islam | cocog daliling 'Akaid ||

31. unining lafal mangkana | al islamu dabiku'lnupussati | têgêse Islam puniku | nambêlèh napsunira | kang mangkono ngampah budi cipta dudu | têtêp Oliyaning Suksma | budyarja rilambêk niti ||

32. marma 'ilmu luwih gampang | mung lakune kang ewuh dhêmit rungsit | sèwu siji ingkang saguh | nglakoni tyas raharja | ajining wong aku'lmukmin putus 'ilmu | wranane sabar darana | sêtyeklas rahina wêngi ||

33. akèh lamun sun jèrènga | patrapira pêrang lan napsu katri | sabên kewan bae wêruh | 'ilmu agama Islam | mung rêgane luwih larang tanpa petung | rina wêngi nêmbah ing Dzat | lan prihatin cipta eling ||

34. iku musthikaning tama | yèn katiban 'ilmu ma'rifat wêning | wênang winruhkên kang jêntus | pathining rasa mulya | iya iku dhalang sajati kang mêngku | mosik mênêng ngatas karsa | wus tan rumasa ndarbèni ||

35. dwipangga matur sandika | bab punika nuwun sakêthi amin | lampah kang sampun tinutur | cêgahaning ma'rifat | kêdah lampah sabar santa budi sadu | bokmanawi angsal barkah | kawula sagêd nglampahi ||

--- 1 : 92 ---

25. Dhandhanggula

1. lir sarkara sabdanirèng Kancil | hèh Dwirada rèh sira wus sagah | 'ilmu kinaot lakune | atasing kewan sagung | ing ma'rifat yèn wus ngawruhi | têgêsirèng ma'rifat | wruh rasaning 'ilmu | manjing sajêroning nala | nora samar pramana DzztDzat. maujudi | tan ana Pangran liya ||

2. anging Allah kang sinêmbah puji | daliling kitab Usul pratela | la makbuda pilwujude | illa'llah têgêsipun | tan manêmbah wujud sakalir | anging Allah Ta'ala | wondene patrapmu | anêmbah marang Pangeran | mobah molah mosik mênêng atas Gusti | ingkang samingun basar ||

3. aywa ngaku kawasa sirèki | paningalmu pangambu pamyarsa | pangucap Allah kang darbe | cêngkrama nèng sirèku | yèn wus têrang tampa bab iki | tamtu karan wong wikan | mangka panêmbahmu | pramana Gusti kawula | iya sira dadi kwula dadi Gusti | sirnane anèng sira ||

4. Rusul Rasul Mukhammad nèng jisim | wus têngaluk jaba-jêronira | dene Mukhammad jabane | rasa kapenakipun | lara lapa rasa mêngkoni | rusul mobah pratingkah | awas na bab iku | kabèh kawulaning Allah | dene Allah tanpa rupa tanpa warni | nanging mêngku ciptanta ||

5. upamine yèn sira lagya ngling | aningali mirêng tuwin ngganda | sapa puniku kang akèn | lan sapa ingkang krungu | sira amung darma nglakoni | sumarah ing saprentah | mungguh Hyang Maha Gung | ingkang sifat kadim baka | tanpa arah nora jaman makam sêpi | nora kacakrabawa ||

6. datan ngalap wiwitan mêkasi | mung jumênêng lawan dhewe nyata | pira-pira pralambange | lêmbut ngungkuli banyu | lumoh bisa ngidêri bumi | cebol anggayuh lintang | kadayane punjul | kasampar kasandhung kocap | nanging arang sato kewan kang udani | cêdhak tanpa gêpokan ||

7. sarta tanpa lesan lamun angling | aningali tanpa nganggo netra | tanpa karna pamirênge | nuksma ing wicaramu | sajatine Gajah

--- 1 : 93 ---

sirèki | nora bisa micara | yèn tan ana iku | padhange ngungkuli surya | barang karsa nglindhung karsanirèng Gusti | pungsêngên kang kapanggya ||

8. barang karsa kudu andhisiki | arsa sêmbahhyang iku wus salat | lumaku dhisik parane | prentah mring rusul rasul | nora kêna mrêngkang pribadi | maksih angatas karsa | tandhane yèn makhluk | datan rumasa kuwasa | anging Allah kang sifat sulbiyah yakin | wujud kang tanpa warna ||

9. nanging yèn wus panganggêpmu muksis | saha wus wruh budayaning 'akal | salin-salin pangwasane | gunge sajagad kêmput | yèn dèn ringkês amung satugi | malah tan kantha warna | sunya êmbuh mau | HajahGajah. ywa sira pêpeka | nora kêna mungkir tanpa budi pikir | wus kasandhang nèng sira ||

10. marma Dwipa yèn sira hyun 'ilmi | ma'rifat kang kanggo kene kana | yèn wus wruh sifatmu dhewe | nanging ywa sira ndhaku | rèhning sira maksih kêkalih | wujud loro jro jaba | uga wênang ngaku | manawa wus warna juga | wujud tunggal iya kawula ya Gusti | sah badan Suksmantaya ||

11. dene lakuning ngurip kudu wrin | atasing sato buron wanarga | sampurnakna wruhmu dhewe | lan têgêsing sastrayu | yuning jagad ananing tulis | têgêse Jendra dunya | luwih jêmbar nglangut | rahayu kaananira | kana kene ujare pandhita murti | kewan wruh dadya janma ||

12. Sitijênar asal saking wrêjit | dupi ngrungu kang Sastra Arjendra | nulya dadya manusa ge | dinangu bangkit matur | warnèng Jendra rasanirèki | tuwin suwaranira | dene warnanipun | pêcahing lambe punika | maratani mênuhi badan sakalir | Ratunirèng Antaya ||

13. unine Hu umanjing ing tarki | bait-almakmur basane wong 'Arab | lirnya bait: omah têgêse |Lebih satu suku kata: lir bait: omah têgêse. makmur prameyanipun | yeka dhatu karaton suci | kasuciyaning kewan | mungguh aranipun | kang kalumrah bangsa Jawa | têmbung 'Arab alip mutaklimunwakid | lambe nginggil galêrnya ||

--- 1 : 94 ---

14. uga padha mung têmbunge slisir | wong Jawa lan wong 'Arab tan siwah | nanging surasane cècèg | marma Gajah dèn emut | rumakêting 'ilmu sajati | luluh wor sêdya tunggal | wruh pisah myang kumpul | kumandêla ing Dzat mutlak | kang tan samar krêntêk polah cipta uning | cundhukna dalil Kuran ||

15. kang jinarwan dening pra musanip | tanah 'ajam gelengan Asiyah | mungguh Allah waskithane | wa Allahu ngalimun | bidatissu sudurinnasi | têgêse Gusti Allah | ngawruhi krêntêkmu | dhadhaning umat sadaya | marma kudu tingkah polahmu kang yukti | wong tariku'lngapiyah ||

16. rina wêngi pasraha ing Widdhi | yèku Islam ingkang ahli 'amal | aywa sah mêmuji dhewe | nèng panggonan kang samun | patitisna kêcaping lathi | mau sun wus wêwarah | yèn sira dikir Hu | ilatmu têkukna cêthak | ngèksi grana luluh tekad kang sawiji | tarèkna kisbandiyah ||

17. yèn sira yun wêruh warna putih | sifatmu têtela rupa seta | nèng ngarsanta kaya kowe | dikira ingkang jumbuh | pandêngên trus ing lair batin | tanganira kang kiwa | nutupa pusêrmu | tumumpang pangkon kang kanan | dikira hu hu hu hu tamtu dumêling | ing sifat seta mulya ||

18. wus sun rungkês pamijangsun èsthi | wuwuhing nugraha 'ilmu rasa | tan ingan budinên dhewe | bab jèrènganing kawruh | pami wit pang godhong lan pêntil | wuwuhana priyangga | rèh lajêre sun wus | awèh pancêr marang sira | lamun kewan kawruh mangkono wus inggil | yèn manusa tan arsa ||

19. Brajamuka dupi wus nanggapi | sasmita di tumanêm ing puat | sanubari sadayane | tyas judhêg tanpa wuwus | sirnaning was lakuning urip | pangulahing kasidan | andhepa lon matur | sèwu panuwun kawula | datan bangkit atur walês kang ngiribi | tarlèn mung tuhu sêtya ||

20. botên langkung amba amêkathik | manakawan nglêbur tapak tilas | mèstu mituhu sapangrèh | Kancil sumambung wuwus | ingsun

--- 1 : 95 ---

trima sêtyanta Èsthi | aywa sira tut wuntat | besuk dina pungkur | lamun sira tampa warta | sarirèngsun sangsara utawa mukti | enggal sira nusula ||

21. lan kancamu dwipa liman Èsthi | ingkang padha nèng Krêndhawahana | kang sarju iridên kabèh | myang tularana kawruh | 'ilmu rasa sasmita kang writ | pangawulaning gêsang | dunya akhiripun | sun arsa nutugkên lampah | mèstu ing tyas nuruti paraning sikil | ngêndi tibaning mulya ||

22. amituhu warahirèng dalil | Kuran pangandikaning Pangeran | kang mungguh kalame dhewe | man talaba sahêun | wajidahu sing sapa mamrih | sayêkti tinurutan | rahmaning Hyang Agung | lah age Gajah muliha | mring wismanta Krêndhawahana wanadri | Dwipa sandika mangkat ||

23. datan lami Dwirocana prapti | ing wismanya mêpakakên kadang | warga mitra sasamine | samya winèhan kawruh | ing ma'rifat dinil agami | tarekat lan hakekat | kathah suka sukur | sadayèsthi muruhita | mantêp têtêp têmên-têmên ing pangèsthi | nglakoni rèh susila ||

24. akèh ingkang angêningkên budi | nglaksanani sabar rila eklas |Bait 23 dan 24 diulang lagi pada awal jilid 2.

Sambunge kamot ing Bagiyan Têngahan.