Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kancil Kridhamartana, Tanaya, 1959, #126 (Jilid 2)

Katalog:Kancil Kridhamartana, Tanaya, 1959, #126
Sambung:
1.Kancil Kridhamartana, Tanaya, 1959, #126 (Jilid 1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1132.
2.Kancil Kridhamartana, Tanaya, 1959, #126 (Jilid 2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1133.
3.Kancil Kridhamartana, Tanaya, 1959, #126 (Jilid 3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1134.

Bagiyan saking kalêmpakaning pinanggihipun sêrat-sêrat ingkang subêrsumbêr. aslinipun sakawit saking gêgubahanipun ingkang pinudyasma Radèn Panji Natarata ing ngajêng Panji Dhistrik Ngijon Ngayugyakarta, lajêng salin nama Radèn Sasrawijaya.

A KANCIL KRIDHAMARTANA

Bagiyan II Têngahan.

--- 2 : [0] ---

KANCIL KRIDHAMARTANA

Anggitane Radèn Panji Natarata ing ngarêp Panji Dhistrik Ngijon Ngayugyakarta, banjur salin nama Radèn Sasrawijaya Ngayugyakarta.

Saka sastra Jawa kasalinan sastra Latin dening R. Tanaya.

Têdhakan Almanak H. Buning, Yogya.

Taun Masèhi 1909 - 1910 - 1911.

--- 2 : [0] ---

Sandi Asma: ing Bêbukaning Pangikêt Gita: Radèn Panji Sasrawijaya ing Ngayugyakarta ingkang mangikêt gita, sampun kaêsahakên dhatêng para paramèng kawi Kangjêng Pangeran Sasraningrat kalih Ki Padmasusastra tiga Radèn Pancakrêtarta sami siswotama.

Carita: Pralambang ulah-bawaning ngaurip ing nusa Jawa, sajroning jaman Angkara Murka, kang kapetung wiwit tumapake ing taun Sangkala: sirna wuk pandhita ji: 1700.

Tamat pangêcape: Sampun tamantamat. caritaning Kancil, dintên Sêtu Kliwon, Mulud Wawu pitulas tanggale, angka sèwu wolung atus tuwin, kawan dasa siki (1841), ing pangêcapipun. (Taun Masèhi 1911).

Almanak H. Buning, Yogya.

--- 2 : [0] ---

ISI BUKU IKI

Bagiyan II Têngahan

... Kaca:

Kancil martobat mêsu budi ana ing Guwa Langse nganti olèh ilham darajating kawiryan ... 96

Para sato kewan padha anjunjung Sang Kancil nama Radèn Ngabèhi Amongpraja ing Gêbangtinatar minangka wakiling Ratu ing Mêsir Bagendha Suleman ... 101

Karaharjaning praja Gêbangtinatar ... 106

Prakara patine anaking Lingsang ... 109

Prakara drêdahing Baya lan Banthèng wahananing jaman Angkara Murka ... 125

Kabijaksanane Sang Kancil Amongpraja ... 146

Pituture Sang Kancil Amongpraja marang Baya Kalasrênggi ... 150

Kancil Amongpraja mulih marang karajane Baya luwar saka panguwasaning 'alam ... 162

Saya wuwuh karta-raharjaning praja Gêbangtinatar ... 163

Asu kasêbut Sang Dwija Wrêka ing dhepok Suracala ginuron para sato kewan ing kanan kering kono ... 165

Sang Kancil Amongpraja anduta Rase lan Lingsang laku nyamar lan animbali Sang Dwija Wrêka ... 166

Kuwuk anêkani lan awèh peling marang Asu ... 169

Sang Kancil Amongpraja anduta Uwauwa anggawa cangkriman binatanga Sang Dwija Wrêka ... 171

Sambunge kamot ing Bagiyan III Pungkasan.

--- 2 : 96 ---

Kancil martobat mêsu budi ana ing Guwa Langse nganti olèh ilham darajating kawiryan

25. Dhandhanggula

23. datan lami Dwirocana prapti | ing wismanya mêpakakên kadang | warga mitra sasamine | samya winèhan kawruh | ing ma'rifat dinil agami | tarekat lan hakekat | kathah suka sukur | sadayèsthi muruhita | mantêp têtêp têmên-têmên ing pangèsthi | nglakoni rèh susila ||

24. akèh ingkang angêningkên budi | nglaksanani sabar rila eklas | ucapên Kancil lampahe | anjajah singit singup | rumpil sungil kang wêrit-wêrit | ngupa tambahing nalar | lawan kupiya gung | pinulung sajroning nala | wus mangkono tyasing Jawa kang linuwih | saka gênturing tapa ||

25. nênitèni midêr milang kori | jalak paningal kang sêpi sunya | seje wong Eropah wite | pintêr saka winuruk | pangajaran mèstêr kang luwih | sakolah dalu rina | kaananing buku | kagêlung nala ginulang | pan mangkono caraning wong kulit putih | ya ta wau Palguna ||

26. dèrèng masa praptanirèng gaib | maksih sinêngkêr dening Pangeran | kudu kasangsaya bae | dènnya murang sila yu | sring kasandhung dalan waradin | kabêntus ngawang-awang | kasrêg pagêr suru | mangkono ingkang klakuan | agêng alit dahat kabyatan ing cobi | nanging ujaring jangka ||

27. yèn ing têmbe mêngku wibawa di | jinunjung ing kutu alang taga | samya anganggêp Pamase | sinêngkakkên ing luhur | mêngku khukum yudanagari | mancasi sukrêtyèng rat | doracara lêbur | rawe-rawe pêtêng ilang | kawimbuhan darajading narapati | pati panatagama ||

28. amêngku rat ing jagad kapusthi | mangkya dèrèng pisan kawistara | maksih gumantung kodrate | mokal karsèng Hyang Agung | yun sinêmbah kutu sakalir | kombul ing jagad raya | kasub kondhang kidung | kontap tumutur katular | kotamane ing khukum tyas susiladil | budyarja samahita ||

--- 2 : 97 ---

29. martotama gunardika murti | doracara nir saking widibya | maling mala merang kabèh | wus karsaning Hyang Agung | jaman Kitrah kewan wanadri | mungkul budi raharja | tatakrama putus | mangulah gama sampurna | yeka Kancil bakal jumênêng sêsilih | Suleman Mulkuning rat ||

27. Asmaradana

1. Palguna brangtaning ati | kaya paran raganingwang | nora ana wêkasane | yèn mangkene bae nyawa | tan yogyantuk utama | ngalor ngidul mung nggadêbus | adol dora mrana-mrana ||

2. bakale cupêt ing wuri | kagunan lan kasantikan | kanalaran tanpa gawe | kasusastran tanpa guna | yèn kurang mêrês tekad | tan tumrah sewaya putu | cabare tumibèng kompra ||

3. yèn sun tan ngupa utami | anak-putuku sangsara | lanang mikul wadon nggendhong | bagjane dadi ojogan | nyênyunggi mring Samarang | run-tumurun dadi bahu | ilang bibiting kusuma ||

4. lan malih laku ngong silib | mêmêt lêmbut tan katara | nandukkên goroh tan katon | nanging Dzat kang murwèng jagad | kang sifat samak basar | kodrat 'ilmu khayat khayun | waskitha tingkah durcara ||

5. ngawruhi lakuning abdi | ala bêcik kalamu'llah | nulisi apa anane | saking kodrating Pangeran | ujaring paribasan | yèn kêbak sundukanipun | lawas-lawas kawadaka ||

6. upama uwong mêmaling | nadyan tan ana kang wikan | patrap pratikêling colong | angên-angên pasthi têrang | sapolah laku jantra | mangka angên-angên iku | kawulanirèng Hyang Suksma ||

7. kaya ta si Gajah nguni | gung luhur sakti sudibya | kalana jayèng palugon | prandene sun palacidra | kaping pindhone iya | ingsun ngrusak timun wuku | anggêmpal têntrêming janma ||

8. nyuda rijêkining janmi | têmahan sun tampa siksa | ing dunya kang luwih gêdhe | kênèng saya pulut bêndha | kapikut kinurungan | sênik tinindhihan watu | tujune Srênggala têka ||

--- 2 : 98 ---

9. ingsun bujuk ujar manis | nggugu tyas Sona kagiwang | miturut ujar sun goroh | yèn mangkono wus têtela | sun iki doracara | dhuh Allah Ingkang Maha Gung | tobat kula kasahida ||

10. lampah dur ingkang kawuri | yun ngèsthi cêgahing Kuran | ngluhurkên kratoning Manon | yaktyamba dahat nalangsa | sêdya mituhu jarwa | syara' kitab kang misuwur | warata cakraning dunya ||

11. bab lêthêg gêlahing bumi | durta la'nating Pangeran | marma marma tobat salamine |Lebih dua suku kata: marma tobat salamine. he bumi langit maruta | saisining buwana | dahana kalawan banyu | para nabi wali sanga ||

12. uliya saha musanip | jamhur pukaha pandhita | saksènana sêtyaningong | yèn têmbe lakua ala | lêbura wor pratala | nulya na swara gumludhug | gêtêr patêr ing akasa ||

13. tranggana surya lan sasi | ngèstrèni Kancil tobatnya | cukulaning bumi kabèh | samya muji sukur suka | Kancil dènnya prasêtya | bayarsa timbuling tutur | bakal sucining buwana ||

14. pamrêsing budi rudatin | tumulya Kancil wisata | sêdyèng tyas mring Guwa Langse | guthaka têpi samudra | manrang ing wèsthi pringga | anêmpuh baya pakewuh | datan ngetung jiwa raga ||

15. sunya wancaking driya nir | mung ketang druhakanira | patrap dur kang wus linakon | cakraning nala narantang | was sumêlang kabrastha | linglung lalu tekad luluh | lêbura rêjasèng kisma ||

16. karuna waspa drês mijil | lir riris yayah kinuras | nirdeya manrang pakewoh | nulyanjog ing Parangtigan | laju ngetan kewala | nurut titahirèng ranu | nêmpuh trunaning udaya ||

17. ngungun ngrês rarasing ati | pasrah ing Dzat suci mutlah | mêlêng cukuling pawartos | Kuran dhawuhing Pangeran | jahètsamanul janat | wong tapa manjing pituku- | ning swarga dunya akhirat ||

18. wus aring bab antuk wukir | kang katêmpuh ombak toya | lampahe Kancil nut pèrèng | curi tumawing samodra | samantara wus prapta | guwa patilasanipun | Kangjêng Sunan Kalijaga ||

19. saha Sekh Mulana Mahgrib | tuwin Hyang Bathara Suman | nulya winuryan jamane | Sri Naranata Mataram | Sultan Agung ing Kêrta | sinung gawang mawa pintu | tinrapan ing gubah mulya ||

--- 2 : 99 ---

20. ingatur rinêngga adi | natar pinatut araras | sinung trngrantêngran. Guwa Langse | samana Kancil kacaryan | sarining kang asrama | rêspati pantês nggon nêkung | mangatas ing cipta maya ||

21. wiwarèng guwa sawiji | blumbange pasagi papat | angidul-ngetan arêpe | dupi Kancil waskithèng tyas | umangsah manjing sigra | jêroning guwa luk têlu | dêrês tètèsirèng toya ||

22. ing jêro kadi garimis | ajêg slamine tan kêndhat | botrawi kanan-keringe | mili anjog ing balumbang | Kancil tumêngèng keblat | silasta tumumpang jêngku | amèksi tikswaning grana ||

23. ciptaning tyasira Kancil | nêgês puadduljakiyah | mantêp mathênthêng ciptane | luwiha sasamèng titah | sakti gunardikanya | luhurluhung. mati lêbur luluh | yèn tan antuk kang nugraha ||

24. nurbuwat drajad narpati | kasub ing jagad wiryawan | èstu cabar yèn tan darbe | kadibyan amêngku praja | marmane dahat pasrah | ing Dzat kang murwèng pandulu | nyumpêt kanang nawasanga ||

25. napi isbat kang pinusthi | sujud takbirratulekram | jumbuh ing rahsa rasane | tunggal urip lan kang gêsang | anggulung cipta maya | wus wêning wênang ing kalbu | yayah Radèn Dananjaya ||

26. duk anèng Hendrakilardi | ana rupa tan kapriksa | swara tan rinungokake | ana ambu tan ginanda | mung rukyatu ta'ala | ingkang pinêlêng wus jumbuh | Gusti lan kawula tunggal ||

27. Arjuna kalawan Kancil | mung slisir kewan manusa | nanging surasane cècèg | kamurahaning Dzat mulya | tan kalimput ing lêmbat | Hindu 'Arab Cina antuk | sapa têmên tinêmênan ||

28. rèh sifat rahmani'rrakim | murah dunya sih akhirat | têmên tinêmênan yaktos | saciptaning nala têka | nadyan kapir Buddhaa | nora beda anggêpipun | mung seje patrap kewala ||

29. paminta kanthi prihatin | èstu lamun katurutan | apa kang kinarêpake | nadyan minta ngejawantah | Hyang Suksma kasatmata | têtêmon imbal pamuwus | nora wurung tinurutan ||

30. Kancil lami nungku puji | tan bukti nginum lan nendra | ngalumpruk jiwa-ragane | kari gagra lan usikakusika. | lir gustika wor kisma | mung kêtêg kang maksih wutuh | mracihnani maksih gêsang ||

--- 2 : 100 ---

31. dupyantuk tri warsa nguni | dènnya ana ing guthaka | antuk ilhaming Hyang Manon | tinarbuka ing paningal | nuju dina Jumungah | wayahira lingsir dalu | ngèksi padhanging akasa ||

32. sorot sêmu ijo kuning | agêngnya satabon klapa | pracimantara sangkane | lir cancala praptèng ngarsa- | ning Kancil nuli ana | cinandhak-candhak plas mlêbu | saukiran manjing grana ||

33. padhange saya nêlahi | lir bêdhahing langit sapta | datan katon Guwa Langse | nuli ana janma wrêda | prapta saking awiyat | paring sêsanti rahayu | Kancil gupuh pasang cipta ||

34. mulat mring kang nêmbe kèksi | wênêsing cahya ariya | ngasorkên diwangkarane | Ki Wrêda luntur ing sabda | hèh sira wus tinrima | mungguh ing Allah tobatmu | dene ta munajadira ||

35. ngungkulana ing sasami | samining bêburon wana | ngidhêpa ing sira kabèh | khukum lan yudanagara | mancasi sukêrtyèng rat | doracara laku dudu | kartane kasrah ing sira ||

36. wus têrang dhawuhing Widdhi | kinèn mratakakên sira | ing rata karta têntrême | kang sarta dinil mustafa | milati Ibrahima | myang sare'at Mukhammadun | Rasulu'llah wratakêna ||

37. kang kaping pindhone Kancil | dhawuhing Hyang kang murwèng rat | sira pinaringan mangke | kalpika di mawa praba | lètêr We pasèt Prasman | gosok Nèdêrlan umancur | sumorot tumejangkara ||

38. iki kang minangka buslid | aktê piyagêm wêwênang | pangêrèhmu marang sato | kutu-kutu alangwalang (dan di tempat lain). taga | katêkêm nèng astanta | nanging sira kudu-kudu | ngluhurna Bagendha Sleman ||

39. ibnu Dawud prajèng Mêsir | yeka dhêdhuwuranira | kang kadi sêdyanta dhewe | têgêse sira warangka | aran Nayakawaktra | Patihing Suleman Mulku | sira sinung mêngku praja ||

40. antuk pangkat Dyan Ngabèi | Mongpraja Gêbang Tinatar | parnahe lor-kulon kene | babadên dadi nagara | rèh wus kacêthèng jangka | Gêbangtinatar praja gung | sira kang murwani yasa ||

41. hèh Kancil wruhanta mami | Jabarail Malaekat | dutaning Hyang ndhawuhake | kabèh sato ing wanarga | miwah buron ing toya | dhawuhing Hyang kinèn mèstu | atas ing panguwasanta ||

--- 2 : 101 ---

42. wus biratên dèntanggènta. taki | sêmadimu wus katrima | sigra Malekat tan katon | ucapên Kancil samana | malad ing cipta maya | padhang narawang lir bonu | dyan mahya saka ing guwa ||

43. rampunging sêmadi êning | nèng plataraning guthaka | mulat kidul wetan kulon | ingkang lor kèksi aldaka | laju munggah ing arga | lèrèn anèng pucak gunung | sèndhèn wrêksa truh ing driya ||

Para sato kewan padha anjunjung Sang Kancil nama Radèn Ngabèi Among Praja ing Gêbangtinatar minangka wakiling Ratu ing Mêsir Bagendha Suleman

28. MêgatruhTeks asli: Mêgatrung.

1. gantya ingkang kawuwusa kutu-kutu | alang têtaga kang sami | tampi sasmitèng Hyang Agung | lanang wadon agêng alit | gambirèng tyas mirêng wartos ||

2. Gajah Warak Banthèng Macan Mesa Danu | Kidang Manjangan myang Kucing | Gogor Rase Luwak Sênggung | Cèlèng Kêthèk lan Anjani | Wahuwa Rangutan Bangkong ||

3. myang Manyawak Garangan Tikus Truwèlu | Babi Jaran Wêdhus Sapi | pêpanthan sabangsanipun | tan ana carub wor linggih | pangkat-pangkat lir traping wong ||

4. ana ingkang mlaku ngidul ngalor sêlur | ngetan ngulon dupi myarsi | swara wanci lingsir dalu | mawa cahya anêlahi | ing langit padhang mancorong ||

5. wênèh ana kang ngimpi ing wanci dalu | katêkan wong kaki-kaki | sung wruh nuring rat tumurun | kang antuk nuhrahanugraha. Kancil | sêsilihing Sleman Katong ||

6. ana manèh krungu swara anèng luhur | dumêling mratani bumi | mangkana ananing tutur | hèh sato kewan gêng alit | tuwa anom lanang wadon ||

7. mituhua mangkya karsaning Hyang Agung | nurunkên drajad narpati | kang wênang masesèng khukum | mratakkên kitab agami | Islam sukcining Hyang Manon ||

--- 2 : 102 ---

8. saha ingkang kajibah mranata padu | padudon sipil kriminil | rusuh saru sirna larut | tinrapan khukuming Nabi | Suleman murih kinaot ||

9. musamane anèng trah Yogiswara nung | Kancil sudibya di murti | ambêk santa martèng satru | susilèng rèh kramaniti | budyarja paramarta nom ||

10. anêtêpi jangka wirayating dangu | ing Gêbangtinatar mangkin | dadi nagara karta yu | tur ana ratu kang 'adil | madhangkên ruwêd pakewoh ||

11. dina iki kanyataning kabar timbul | anèng guwa Langse wukir | tirahing sagara kidul | wus tampa kalpika buslid | intên lètêr we mancorong ||

12. sarawèdi barleyan Nèdêrlan mancur | tumejangkara nêlahi | mawa wangkawa kêkuwung | ngawêngi cahya rêspati | dene Kancil prawira nom ||

13. iku durung têtêp madêg dadi ratu | maksih aran dyan ngabèi | nanging kuwasaning ratu | ginadhuhkên mranatadil | yeka tandhanirèng katong ||

14. bakal ana patih jaksa myang pangulu | wus pasthi kodratu'llahi | datan salisir sarambut | Jayabayaning nagari | ing Gêbangtinatar mêngko ||

15. ya ta sagung kewan wana kutu-kutu | alang taga kumpul budi | sabiyantu samya tunggu | nèng Gêbangtinatar nganti | praptaning musthikèng sato ||

16. saking tanah Balambangan êlur sêlur | lumaku mangulon maring | Gêbangtinatar wana gung | samarga-margantuk kanthi | gêdhe cilik lanang wadon ||

17. ing bang kulon tanah Bantên Têlukbêtung | ing Anyêr saha Ciringin | andulur mangetan sêlur | gumrudug umyung mawarni | pêpanthan bangsane awor ||

18. anèng marga-marga kèh kewan kang katut | lanang wadon gêdhe cilik | sadaya ciptaning kalbu | yun mèstutyarja mring Kancil | kang mêngku darajad katong ||

--- 2 : 103 ---

19. kabar anèng Gêbangtinatar nggènipun | nêtêpi jangka kang klair | tarbukaning kanang wahyu | Gêbangtinatar nagari | dene sato kang têmbing lor ||

20. tanah Krawang Crêbon Têgal Gunung Prau | angidul ngetan lumaris | gumlèndhèng saha gumrubyug | singa lumiyat tyas giris | samana wus samya anjog ||

21. kang lor wetan Lumajang Pugêr Madiun | ing Gêndul Lodhaya prapti | nglumpuk anèng Gunungkidul | parêngan têkanirèki | bagya-binagya kaya wong ||

22. nulya takon-tinakon kang dadi prêlu | sadaya cocog ngulati | Kancil kang wus tampa wahyu | dadya sêsilihing Nabi | Suleman ratuning sato ||

23. ingkang antuk buslid lètêr We umancur | barleyan kang sarawèdi | cahyane tumeja nguwung | ngawêngi sajagad radin | malukat gaib kinaot ||

24. sato kewan akèh ingkang gunêm wuwus | sagêlêngane pribadi | kabèh kanca-kancaningsun | ywa lunga-lunga nèng ngriki | rèh kene timbuling wartos ||

25. kang sawênèh ana kewan ingkang muwus | hèh ta kanca paran marmi | kene karan Gunungkidul | sapa ingkang asung nami | yèn sun dêlêng saking kulon ||

26. pami ana Yoja wetan parnahipun | yèn saking Pacitan nagri | kulon parnahe kang gunung | kewan tuwa kang mangsuli | lah ta rungokna sun omong ||

27. wukir iki marma aran Gunungkidul | alas Pajang nguni dadi | nagara karta rahayu | saloring gunung puniki | têgêse kidul saking lor ||

28. kosokbaline lor iku saka kidul | marmane gunung puniki | ingaranan Gunungkidul | kidul saking Pajang nagri | karan praptane samêngko ||

29. dene wetan saking kulon pamètipun | kulon saking wetan ugi | pikirên ingkang saèstu | yèn sirarsa nuksmèng murti | aywa kaya wong kang bodho ||

--- 2 : 104 ---

30. bisa clathu wetan êlor kulon kidul | ngisor dhuwur tan pinikir | mung ela-èlu lir bau | wit kakèk moyangirèki | tani wudêle sabathok ||

31. wau kewan ingkang anèng Gunungkidul | satanah Jawa wus sami | golongan sabangsanipun | swara kumrêsêk ting klêsik | pating gadêbug ting clêmong ||

32. ting gadêbug pating grênêng ting katêpus | paksi bêbarungan muni | angêntèni rawuhipun | badaling Suleman Nabi | kang nindakkên karahayon ||

29. Dhandhanggula

1. lir sarkara sumiram ing bumi | buron wana dupi kang sinihan | dening Hyang prapta ing mangke | jumênêng badal ratu | saha mawa tandha kang yakti | warni kalpika rêtna | lètêr We sumunu | pusakèng Nabi Suleman | iya iku Jêng Kyai Malukat Gaib | dayane tanpopama ||

2. paringing Hyang saking suwarga di | kang minangka tandha amarentah | kutu alang taga kabèh | kuwat masesa khukum | durtèng karta sukêrtyèng bumi | kang dadya mulyèng praja | yeka wus kagadhuh | dumunung nèng sweda kanan | kawarnaa Kancil kang umimba saking | guwa nèng pucak ngarga ||

3. wus tumurun ngarah-arah ririh | wisata lon sêdyanirèng driya | Gêbangtinatar lèr-kilèn | saking dunungnya wau | samantara samana prapti | tirahing wana Gêbang- | tinatar puniku | rèrèh dupi krungu swara | gumarumung kumrusuk pating kalêsik | gadgadèng tyas wacana ||

4. apa iki dene mawèh miris | angrês raras driya kamigilan | nulya maju nginte-inte | mindhik-mindhik kang laku | waskithèng tyas dupi mangèksi | buron wana mayuta | warna-warna ngumpul | rêrasane nora beda | ngajap-ajap rawuhe badaling Nabi | Sulèman Natèng kewan ||

5. kang pêparab Kancil darma yukti | paran kanca dene nora prapta | ana ing ngêndi ênggone | kancane nambung wuwus | wruhanira kabar kang yakin | nèng guwa Langse kana | tumuruning wahyu | akhiring

--- 2 : 105 ---

malêm Jumungah | pangirèngsun nora lawas praptèng ngriki | papan wahyaning jangka ||

6. prayogane kang sabar ngêntèni | idhêp-idhêp mung padha tirakat | masa ilanga lakune | sigêg kang gunêm catur | sira Kancil titi paniling | yèn panjênênganira | dadya kondhang kidung | tumutur tumular-tular | sato kewan rêrasane tan salisir | gung alit ngarsa-arsa ||

7. Kancil sukur suka ingkang ati | dene tan siwah hidayating Hyang | janma wrêda wirayate | nulya wisata gandrung | ndingkik-ndingkik mring sela inggil | lungguh ngèksi pracima | sung salam 'alekum | kabèh sato alang taga | sarêng mulat tumênga wêruh yèn Kancil | sumunu cahyanira ||

8. sagung sato kewan ing wanadri | wus tan mamang yèku kang sinihan | kacihna tandha yaktine | prabèng nurbuwat mancur | sumundhul ing wiyat ngawêngi | wangkawa teja sinang | abra markata wus | asrêp kutu-kutu kewan | lir siniram ing tirta marta sayêkti | sadaya ascaryèng tyas ||

9. kawuwusa nguni Liman murid | kang dumunung ing Krêndhawahana | wus pêpak sumusul kabèh | Kancil tan samar ndulu | pan ingawe Gajaksa nuli | marêk anganorraga | tumulya pinêluk | sinung wruh sagung sasmita | kadi dhawuhirèng Hyang ing wanci ratri | Dwirocana wus tampa ||

10. tandya nabda marang sato sami | hèh rêngênta kabèh kancaningwang | saka karsaningsun mangke | Sang Kancil ingsun junjung | saking ngandhap sumêngkèng nginggil | Dyan Bèi Amongpraja | sêsilihing Mulku | ing Mêsir Bagendha Sleman | ing samêngko wêwakil ana ing ngriki | têrang karsèng Pangeran ||

11. mawa tandha ingkang mangka buslid | iki lètêr We gosok barleyan | ingkang tumeja sorote | puniki warnanipun | anêtêpi jangkaning nagri | yèn ing Gêbangtinatar | dadya praja agung | dene nalika Jumungah | lingsir wêngi padhanging jagad nêlahi | iyèki ingkang mawa ||

--- 2 : 106 ---

12. wus mupakat parentahing Èsthi | sagung kewan umatur sandika | gumyah suka sukur kabèh | angèstrèni jêjuluk | Radyan Bèi Mongpraja Kancil | tumulya Uwauwa | andonga panjunjung | nurbuwatirèng karajan | tanggap sagung sato kewan samya amin | mugi-mugi tulusa ||

13. nulya Gajah dhawuh Munyuk sami | nulis pranataning kaurmatan | karaton cara-carane | patrap tataning laku | kirabira wakiling aji | pasthinira kang dina | samantara rampung | mamèt kupiya ing kuna | enggalirèng carita praptaning jangji | ari kanang pangarak ||

14. pêpak sagung têtabuhan sami | angklung bangkilung saruni trêbang | bêndhe campur myang kêkêlèng | barung suwara umyung | akèh kewan kang aningali | kang kayungyun tut wuntat | ing pangarakipun | ngubêngi caloning praja | saha muji pajampuwa kang mandhiri | ywa kênèng sambekala ||

Karaharjaning praja Gêbangtinatar

15. wusing rampunrampung. pahargyaning aji | kacarita lama-lama arja | iyasa kadhaton age | srimanganti manguntur | alun-alun uga wus dadi | baluwarti jinagang | saha plêngkung-plêngkung | tuwin wisma pamulangan | lan prasada pangusadan panti yatin | masjid sapirantinya ||

16. kathah lamun winarna ing tulis | ya ta Radèn Bèi Amongpraja | amisudha kewan akèh | pangkat sapatutipun | sinung bêngkok ingkang nyukupi | sadaya sukur suka | kang antuk sih lungguh | dene patih saha jaksa | myang pangulu dèrèng têtêp amung wakil | awit kurang kulina ||

17. matah kewan kang dadya pamardi | sastra Jawa 'Arab kanalaran | palanggêran sasamine | saha sakèhing kawruh | lair batin kang ganal gaib | tatakrama winulang | patrap mrih rahayu | kanggo salamining gêsang | wusing lami kathah kang pratamèng kawi | nuksmèng budi swarjana ||

18. myang wus ana tataning pulisi | rundha patrol rumaksèng durcara | maling malanirèng akèh | kabrastha sirna larut | kataman

--- 2 : 107 ---

ing 'adil nagari | kèh alas dadya desa | têgal kilèn banyu | ara-ara dadya sawah | panggaotan têtanèn dipun wêruhi | kèh kewan manca prapta ||

19. sudagar gung mbusanani nagri | saking tanah sabrang angajawa | santri wêkêl pangajine | syara' Kuran rinasuk | puji dikir angulah dini | dene pandhita ngarga | nungku ing panuwun | kablabaran martèng praja | munajad ring kaluhuraning nagari | nambahi mulyèng radya ||

20. ya ta sira wau dyan ngabèi | dupi wus mukti mêngku wibawa | kèngêtan marang ibune | Rêtna Yu Wêdhus Prucul | kang asrama ing Ampèlgadhing | mangkyarsa binoyongan | kumpul nèng kadhatun | punapa dene Maesa | êmban kondhangira duk nèng Ampèlgadhing | samana Amongpraja ||

21. sigra nuduh punggawa myang mantri | kliwon panèwu sapanêkarnya | punapa dene pangrêmbe | ingkang tinuduh mêthuk | sumapta wus mangkat tumuli | prapta ing padhepokan | Maenda Andanu | kaboyong saulihira | rêreyongan ing marga datan winarni | praptèng Gêbangtinatar ||

22. sinung parnah sajêroning puri | Maesa wus pinaringan wisma | dahat suka sênêng tyase | wah tampi dana agung | lumintu lir narmada kang sih | Maesa mung ingagnyan | sêmadi manekung | puji dikir ratri rina | marma Mesa wêdyasih mring dyan ngabèi | derangsung martotama ||

23. wus misuwur tanah ngêndi-êndi | yèn ing Gêbangtinatar samangkya | wus dadya nagara gêdhe | ingkang umadêg ratu | Radèn Bèi Mongpraja Kancil | trah yogiswara tama | rêmbêringrêmbêsing. madu tus | bibiting Andaniswara | gêmah ripah karta têntrêming nagari | kontap kotamanira ||

30. Asmaradana

1. kasmaran kang krungu warti | kutu-kutu alang taga | ing satanah Jawa kabèh | bang wetan ing Balambangan | bang kulon alas Serang | samya mèstu wêktu-wêktu | mring nagri Gêbangtinatar ||

--- 2 : 108 ---

2. tata tatane lir janmi | seba tungguk gêgiliran | Sênèn Kêmis pasowane | anglêluri adat kuna | anjaga jagèng durta | kang murang silaning ayu | rinoda pinrih widada ||

3. kasub kasumbagèng warti | tumular midrawèng dunya | radèn bèi kotamane | satanah Jawa warata | kapraban dibyèng tama | kataman musthikèng wuruk | wus dilalah karsaning Dzat ||

4. putus ing pamardi yukti | yakti mimbuhi nugraha | tan ana kang merong dhodhok | panêmbahe lair jiwa | bab siyang dalu wutah | ardana warata dinum | gunging pêkir nistha papa ||

5. sasat jumênêng ratwadil | derambêk santa martanya | radèn ngabèi yaktine | lair khukumirèng praja | tan ngeman kadang warga | para santana tan ketung | mung mardi bênêring tata ||

6. nadyan gêtih kulit daging | ingkang tumèmpèl ing badan | kang ala èstu yèn pinèt | binuwang jabaning rangkah | amila prabawanya | lêbda rêratoning kutu | têtaga nganggêp narendra ||

7. purbane nindakkên adil | mung sabênêre kewala | yeka sangsaya luhure | pradata pajra pujangga | suci cakraning dunya | wus dene agamanipun | winulangkên ngèsthi pana ||

8. pramana kawruh ingkang writ | kang mangulah akmaliyah | napi isbat dikir tarèk | ywa kongsi nalisir cipta | kang ngikêt kawruh muhtas | sangkan-paraning tumuwuh | ing dunya akhir kadriya ||

9. sira Radèn Hangabèi | mratandhani Hèrucakra | mangkono mungguh wardine | hèru pardikane liya | cakra iku tikswana | panungkuling kutu-kutu | tan marga saking warastra ||

10. mung srana sajarwa yukti | sinarah traping agama | sêsênêngan pangèsthine | tan nacad kawruhing liyan | sumarah saciptanya | nanging tindaking praja gung | tataning nagara krama ||

11. bab lakunirèng pulisi | santosa ngupa durjana | ngrusak pitênah ing akèh | cinêgah kukuh akuwat | ala kang durung klampah | ywa kongsi ana pakewuh | wuka kasalahanira ||

12. marma sayuking kumêlip | tan ana winancakdriya | parentah tan golèk-golèk | yèn nyata adil pradata | sabên ana prakara | seba pribadi nênuwun | adil tibaning krampungan ||

--- 2 : 109 ---

13. dyan ngabèi amung musthi | tajêming pèn saha nalar | prakara kang têka dhewe | ruwêd-rêntêngeruwêt-rêntênge. pinancas | yeka mulyaning praja | tatane angasta khukum | cocog lan daliling Kuran ||

14. satuhuning khayat khayi | wajibu darbeya tata | khukum sabênêr-bênêre | kudu ngupa mardi tata | darma karsanirèng Hyang | jaba jêro ana khukum | nora pisah dalu rina ||

15. jajah desa ana adil | myang gunung jurang guthaka | tan ngamungkên praja bae | samoha sining pranatan | desa-desa ngadesa | ana kapalane dhusun | sato kewan kang micara ||

16. sinungan sor-soran sami | kaum carik kamituwa | kabayan juru pawartos | marang kuli buwah desa | warata kèhing prentah | ajêg pasebane kumpul | mring kapala pêndhak dina ||

17. sajêroning pitung ari | pratela apa ananya | mangsuli praja arjane | ngungkurkên wukir samudra | akèh lêlangênira | pacêngkraman bandhung-bandhung | wangunan anyar kawuryan ||

18. baksana boga mêpêki | cêcukulan lata-lata | tan rêkasa pangamèke | luwih gampang ngupajiwa | lantaran nambut karya | ya ta mêne kang winuwus | anuju dina samana ||

Prakara patine anaking Lingsang

19. wontên Harina sawiji | saking ing Gêbangtinatar | mulih mangetan lampahe | menggok ngalor sêdyaning tyas | wismane Wanalapa | sigra-sigra lampahipun | marga onêng garwa suta ||

20. dupi praptèng Wanamêsin | ing ngriku wontên narmada | kali Oya panêngrane | ananging buthêg toyanya | rèh banjir mara Sanga | Kidang nyabrang têpyèng ranu | suku papat manjing lagya ||

21. ana Yuyu ambêg drêngki | wêruh Kidang nyabrang toya | nuli sinapit sukune | kang ngarsa amprune pêcah | ndalèdèg gêtihira | Harina kagyat ing kalbu | sambat adhuh iki apa ||

22. kang karya laraning sikil | winawas datan katingal | kang awit buthêg banyune | enggal mêntas ngalor ngetan | Kidang ngèksi brananya | têtela pêcahing ampru | darbyèngêt yun praptèng lena ||

--- 2 : 110 ---

23. sanadyan têkaning pati | yèn wus ana wismaningwang | bisa wêruh anak bojo | sigra Kidang lampahira | samana Platukseta | mêthêngkruk nèng kayu gapuk | wêruh yèn Harina mlajar ||

24. pambalape sipat kuping | Si Platuk gawe suwara | matuk kayu muni thor thor | Kidang kagèt tambah nratap | sêrik rèh kinênthongan | palayune maksih têrus | nglangkahi tambining gayam ||

25. ing kono sêlaning tambi | kadunungan anak Lingsang | maksih jabang lanang wadon | kang tuwa kurang wêweka | dilalah karsaning Hyang | Kidang midak bayi iku | tan wruh kongsi praptèng wisma ||

26. maksih udrasa rèh miris | anak bojone karuna | sarwi atakon purwane | winangsulan tan uninga | mung warah duk nèng toya | wêruhe wus nandhang tatu | kang èstri karya usada ||

27. tatu wus tan nyumêlangi | gantya kang kocapa Lingsang | kang nèng paran lanang wadon | wus antuk ingkang sinêdya | ulihe sigra-sigra | praptèng wisma nuli wêruh | sutane sami pralaya ||

28. tatu dhadha têrus gigir | gilang-gilang rah mbalabar | kami wêlasên sakloron | kontrang-kantring asêsambat | ngaruara gulungan | tan bisa wêruh ing sunu | bab patine kasangsara ||

29. anjêrit swara mêlingi | nuli klêngêr èstrinira | kang priya adhêlog-dhêlog | sangga uwang rawasrawat. waspa | wêkasan alon nabda | hèh uwis mênênga gêndhuk | wus pasthine anakira ||

30. nora kêna dèn singgahi | cinitra anèng loh-kalam | lochilmakful duk 'adame | ujare daliling kitab | kang gumêlar wêwarah | idajaa ajalluhum | layastakiru sangatan ||

31. mangkene têgêse yayi | kala tumêkaning ajal | tan darbe karsa sadhèlêt | samênit kewala tanpa | marma sira nrimaa | muhung mituruta dhawuh | anggêr nawala pradata ||

32. jêroning bab ping pat muni | kalamun ana srilara | rajatatu sasamine | kinèn têngara gundhala | pasthi yèn prapat têka | bab kaping limolas nyêbut | srilaya bakal kapriksa ||

--- 2 : 111 ---

33. manca pat limane ngriki | kang kajibah angupaya | catur dasa ri wangêne | kudu olèha katrangan | tandha saksi kang nyata | dene Wèt Nèdêrlan kasbut | bab ping salikur uninya ||

31. Sinom

1. pangrawit lêlurah desa | yèn ana bangke kang wajib | darbe atur ing parentah | tan kêna ngowahi mayit | saka ênggonirèki | amila prayoganipun | yayi sira titira | minangka atur pawarti | sigra Lingsang èstri ngunèkkên gêntangan ||

2. thung thong thung thong karungu lyan | tandha ana karya gati | akèh tangga desa têka | sigra patinggi mriksani | niti ananing pati | kang dadya wit sababipun | wus mupakat yèn Kidang | jangkah amba tapak lancip | lamun capu cêthèk tapaking maenda ||

3. akèh kewan kagawokan | miyat punang mayit kalih | nanging wus têtela têrang | tan mamang ingkang matèni | ngalor-ngetan paraning | Kidang ijèn tapakipun | Kuwuk lurahe desa | sigra sowan Dyan Ngabèi | Amongpraja Kancil ing Gêbangtinatar ||

4. enggal prapta ngabyantara | cumundhuk muka wor siti | sinrêng ing sabda hèh Brewa | sebamu tan dèn timbali | lah apa ana kardi | sêmune gati lakumu | kang dinangu aturnya | tiwas cabaring pulisi | wontên bangke bayi kalih anak Lingsang ||

5. wontên sangandhaping gayam | tatu dhadhanya trus gigir | saking pangintêning prapat | pinidosa ing sasami | sabab tilas katawis | tapaking Kidang saèstu | ngalèr-ngetan larahnya | dyan bèi mbuka wèt dhistrik | bab ping sèkêt têlu pranatan Hindiya ||

6. unine dhistrik yèn tampa | plapuran saking patinggi | ana bangke lan srilara | kawajibakên kumisi | nulya dandan miranti | upas jinêman sêpiyun | Palwaga Sima Dwipa | ndhèrèk tindaknya dyan bèi | samantara prapta sangisoring gayam ||

7. Amongpraja dupi priksa | bangkening bayi kêkalih | gilang-gilang rah mbalabar | ing driya wêlas tan sipi | ngunandika dhuh Gusti | kawula nyuwun pitulung | durcaraning buwana | sintên kang yogya natasi | kajawi mung kawula pun Amongpraja ||

--- 2 : 112 ---

8. mugyantuka barkah Tuwan | kapikuta kang tan yukti | kang kalayan têtela trang | saha kang apsah ing saksi | nulya radèn ngabèi | dhêdhawuh kinèn angukur | saking tangga patrolan | sigra ingêkar satiti | jinajagan wathataning bangke Lingsang ||

9. kamot anèng prosèspêrbal | umur lan cirining mayit | tuwin sababing pralaya | apa kang ndadèkkên pati | sawusing titi rêsik | punang papriksan kaatur | Gajaksa myang Sardula | Warak sami anèkêni | myang kapala desa kaum lan kabayan ||

10. dene Lingsang èstri priya | gugate uga tinulis | mula-bukane pratela | iku saksi angka siji | pangirane kang kardi | patining sutanira mung | Kidang ingkang dinakwa | saking tapak kang katitik | cècèg lawan para kumisi aturnya ||

11. wus têrang cocog mupakat | nulya Amongpraja Kancil | dhêdhawuh nimbali Kidang | Gofor Warak kang tinuding | Kuwuk mangka pangirid | rèh kajibah ngupaya dur | kinèn ngiring aristan | tumbak canggah aywa lali | kaladèkna Kidang mring Gêbangtinatar ||

12. kori sarayuda mentar | mring siswèng Kidang tumuli | dyan ngabèi kondur sigra | prapat kanan kering kêrid | Lingsang karo tan kari | anyarêngi bidhalipun | bangke wus ngupakara | caraning Lingsang ngêmasi | dyan ngabèi tan dangu wus praptèng praja ||

13. pêpak para saksi gumlar | ibut carik nambut kardi | ngrêsikkên sêrat papriksan | sakabèhing jurutulis | wus sami amumpuni | tan ana nganggo tinuntun | limpat-limpat sadaya | manitrèng kartas nyênêni | tan sulaya ukara lêpiyanira ||

14. yèn jurutulis manusa | arang kang bisa nyukupi | trakadhang baut micara | cotho yèn mriksa prakawis | ana kang bangkit nulis | êtraping ukara kisruh | kadhang sawênèh ana | carik ngaku bisa nulis | ting jêmpalik nglarah nglantur ngayawara ||

15. tumpang suh abali-bola | anggêpe wus bisa nulis | yèn tan tinuntun ukara | kacêmutan lir wong ndlêming | seje lan Dyan Ngabèi | Amongpraja carikipun | Kêthèk Lutung Rangutan | ingkang dinadèkkên carik | cêkak cukup brêsih titi sastra cêtha ||

--- 2 : 113 ---

16. wus nora ana cawangan | tanpa tinuntun yèn nulis | bênêr rampak tanpa jidar | gampang singa kang ningali | saking wus olah budi | mangkono wong mangan wuruk | prayoga dèn telada | nahên kang winarna malih | sarayuda wus pinanggih lan Harina ||

17. andhawuhkên prêlunira | ingutus Mongpraja Kancil | kinèn animbali sira | Kidang yèn bangga sun wisi | Kidang nauri inggih | sandika umèstu dhawuh | parentahing nagara | Kidang pinusara nuli | sigra kerid malêbu marang nagara ||

18. datan dangu anèng marga | prapta sumaos ing ngarsi | radèn ngabèi ngandika | hèh Kidang apa kang dadi | sababe dèn talèni | wecaa bae wong bagus | ywa sira matur dora | parentah waskithèng wèsthi | aturipun amba tan darbe prakara ||

19. ginrêjêg lajêng kabêsta | kairing sagung pulisi | sumakta tumbak lan canggah | ngêntosi bukti tan kenging | rèh prakawis kriminil | nanging kilap sababipun | sapunika paduka | mundhut priksa paran marmi | èstu kodhêng manah kawula bêndara ||

20. amba tiyang tani yuta | datan darbe ika iki | salami kawula gêsang | dèrèng nate dèn talèni | ing wau pra pulisi | mikut amba winayungyung | kaarak lir pangantyan | tumbak canggah ngarsa wuri | akèh sato kewan kang kapapag nyimpang ||

32. Pangkur

1. kapungkur aturing Kidang | dyan ngabèi maos sêrat pêrklaring | makatên ungêling têmbung | atur kula pun Lingsang | klayan têmên purun nyanggi sumpah ulun | umur tigang dasa warsa | klairan ing Wanasamin ||

2. griya wontên ngandhap gayam | dintên Kêmis jam sanga tanggal kaping | wolulas Sapar sutèngsu | inggih taun punika | amba sami kalaipan ngupa butuh | sarimbit lan rabi amba | anak kawula dwi kèri ||

3. sawêg umur tigang wulan | jalêr èstri wontên wisma pribadi | sêlaning tambi nggènipun | kintên-kintên tigang jam | jam satêngah sawêlas kawula mantuk | rare kalih sampun pêjah | tatu dhadhanipun sami ||

--- 2 : 114 ---

4. gilang-gilang kuthah êrah | tandya kula nabuh têngara titir | samya tandang tangga ulun | lurah lajêng papriksa | sami gadhah kintên tapak Kidang mlayu | ngidak sutamba karweka | dèn maha têkaning pati ||

5. kawula datan tarima | nyuwun adil kangjêng parentah nagri | wit saking têmêning atur | tandha dumuk kawula | titining kang dakwa surasane cukup | nuli maos prosèspêrbal | papriksanirèng pulisi ||

6. kumisi têtela têrang | myang pêrklaring aturing para saksi | Kidang krungu dahat ngungun | aturing pasakitan | dhuh bêndara radèn ngabèi saèstu | midak bayi anak Lingsang | inaning Lingsang pribadi ||

7. nilar suta ngandhap gayam | Dyan Ngabèi Mongpraja ngandika ris | kapriye Kidang karêpmu | sarupaning kainan | sêdya sira patèni sarèhning luput | yèn mangkono sabên ana | kang kainan pasthi mati ||

8. putêg kewran tyasing Lingsang | nêdya ngikal dirgama ing panangkis | matur makatên witipun | sumangga ginaliha | awitipun midak bayi kongsi lampus | bab amba kagèt ing nala | dèn gênthongi Platukputih ||

9. kawula dahat trataban | sigra mlajar midak bayi tan uning | Platuk ingkang karya gugup | giris giras tyas amba | tinulisan Harina paturanipun | dyan bèi nulya dhêdhawah | animbali Platukputih ||

10. alap-alap kang lumampah | samantara Platuk wus praptèng ngarsi | kapriksa pun paksi Platuk | sira matèni Lingsang | bayi loro sabab sira gawe kuwur | mring Si Kidang nulya midak | bayi kongsi têkèng pati ||

11. awit kalakuanira | agêgêndhong matuki kayu garing | sapiraa yèn tan nêmu | prakara tan dadya pa | balik lamun ana prakarane iku | tinarik dèn ukum sira | utang pati nyaur pati ||

12. ature Platuk nalangsa | mêlas-arsa èstu kawula asring | matuki kajêng kang gapuk | kang awit wisma amba | wontên tigan dipun pitênah ing satru | Kêmamang dhustha ing lampah | tanpa ngeman mring sasami ||

--- 2 : 115 ---

13. nyuluhi gowok kawula | katêmahan amba êngrêm tan dadi | bilih bayi nuntên lampus | kang wontên ing gowokan | bilih kula gêndhongi Kêmamang rikuh | kapinujon wontên Kidang | katênta kula tabuhi ||

14. sumangga karsaning prentah | pangadilan sigra dhawuh nimbali | Kêmamang prapta ing ngayun | kapriksa aturira | èstu sabên dalu obor-obor muhung | murih padhangipun lampah | kang awit pun Garènggati ||

15. rêmênipun pasang saya | netra grana amba kenging piranti | sumangga atur pukulun | purun nangginyanggi. supata | Garènggati tinimbalan praptèng ngayun | dinangu umatur singlar | pasang klamar dèn akêni ||

16. mangka pangupajiwamba | sampun angsal takdir kodrating Widhi | bayi mila kongsi sêpuh | kados bênang wujudnya | saking dubur wahyaning kêlamar wau | sapintên kiyat kawula | purun-puruna masangi ||

17. kêmamang dahat sudibya | awit klamar kawula sangêt ringkih | sumangga parentah luhur | dene pamasang amba | ngangkah Kinjêng ingkang dahat kumalungkung | enjing sontên jêjogedan | tayuban tan bosên sami ||

18. punika kang kawulangkah | masa borong parentah dènnya nggalih | amba tiyang tani pikun | tan sagêd matur dora | sigra Kinjêng tinimbalan wus cumundhuk | ngarsaning prentah pradata | kapriksa kawrat pêrklaring ||

19. tinurut awit Harina | têkèng Kinjêng pinriksa matur mungkir | têmên njogèd nglaras lagu | angon pathêt wirama | pun Canthoka nabuh gangsa siyang dalu | slendro pelog sabên dina | Surèngrana Gambirsawit ||

20. amba sakanca jogèdan | dyan ngabèjingabèi. utusan animbali | sarpa mandi kang ingutus | wus kêrid pun Canthoka | praptèng ngarsa kapriksa mungkir kang atur | bab mêkahimêjahi. Lingsang kijabkijat. | yèn nabuh gangsa ngakêni ||

--- 2 : 116 ---

21. siyang dalu datan kêndhat | awit padhang saking kathahirèng ting | pintên-pintên atus èwu | pandam pating kalêncar | Konang ingkang sugih dilah petroliyum | bêndara dipun galiha | atur kawula puniki ||

22. titining pulisi tama | kèhing sandhan wus sami dèn tariki | Konang ingandikan sampun | kapriksa matur nyata | dêdilahan datan kêndhat sabên dalu | makatên atur kawula | mugi kagaliha mangkin ||

23. purwanipun sêsuluhan | margi ajrih yèn kenging wisa mandi | pun Lele saekakalbu | sami masangi borang | dahat mandi sintên ingkang kenging èstu | lajêng pêjah dening borang | manawi amba coloki ||

24. borang kang ampuh katingal | wela-wela kawula sami nyingkir | parentah dupi myarsa tur | Konang aturanira | sandhan Lele tinimbalan wus cumundhuk | kapriksa ature blaka | anjèrèng nalar ingkang wis ||

25. kawulèstu pasang borang | sabiyantu sakanca amba sami | kang sadarpa ampuhipun | rèhning kathah druhaka | pun Rêkatha mbêkta canggah siyang dalu | sumangkean patrapira | kamipurun ambêk luwih ||

26. saênggèn-ênggèn sumêngah | datan ngeman dhatêng sasami-sami | kang parêk cinanggah purun | sumangga ginaliha | sigra-sigra pulisi nimbali sampun | Yuyu kêrid pinusara | rikatan sumaos ngarsi ||

27. Dyan Bèi Kancil Mongpraja | angandika mring Yuyu kang nèng ngarsi | hèh Yuyu wêruhanamu | marma sira binanda | ana mayit Lingsang wurisira matur | sirèku kang gawe pêjah | bapak biyangne mintadil ||

28. purwane ngaturkên Kidang | midak sutanira ro têkèng pati | Harina wus ingsun dangu | mungkir nora rumasa | jawabira wit saka patraping Platuk | Platuk ingsun priksa kijat | sandhan mring Kêmamang nuli ||

--- 2 : 117 ---

29. kêmamang wus ingsun priksa | uga mungkir sandhan Si Garènggati | parentah nilas ing laku | ndangu Si Kêmlandhingan | tan rumasa ngaturake Kinjêng iku | Si Kinjêng sandhan Canthoka | Canthoka Konang dèn aprik ||

30. dupèh nggawa êting padha | pangadilan mriksa Si Konang nuli | Konang sandhan buron banyu | Lele amasang borang | nuli Lele sun priksa uga tan ngaku | mungkir dènnya karya pêjah | masang borang angakoni ||

31. sababe amasang borang | rèhning sira Yuyu kang kumasakti | kumering-kering kumlungkung | tan pisah-pisah canggah | Rêkatha tan darbe jawab mung tumungkul | marêbês mili kewala | ngrasa patrape ingkang wis ||

33. PocungTeks asli: Pucung.

1. pan amucung parentah papriksanipun | ubêtirèng nalar | Yuyu ndrodhogndhrodhog. dahat ajrih | watêkira jirih tumuli balaka ||

2. nguni ulun nyapit suku Kidang mlaku | wontên lèpèn Oya | samantên buthêk rèh banjir | tanpa sabab panyapit amba mring Kidang ||

3. dhuh pukulun kang kawasa ngasta khukum | atasing tumitah | marma prasaja pun dasih | saking ajrih damêl susahing parentah ||

4. sanèsipun punika amba datan dur | sampun malih ingkang | mêjahi Lingsang kêkalih | warnanipun kewala dèrèng uninga ||

5. prentah ndangu apa nyata Kidang iku | sinapit sukunta | duk nyabrang Oya sirèki | sikilira ngarêp iku ingkang kiwa ||

6. Kidang njumbul mirêngkên aturing Yuyu | he e nora nyana | si Yuyu kang nyapit sikil | Kidang matur lêrês pun Yuyu punika ||

7. inggih èstu suku kering nggèn ampêru | amba mèh pralaya | sadarpa sadeyèng ati | tumulyamba lumajêng midak pun Lingsang ||

8. sêdyèng kalbu enggala wruh rabi sunu | nanging ri kalanya | watgata sukwamba nguni | tan uninga saking edaning Rêkatha ||

9. têrangipun sarêng wontên ngriki matur | amba duk kapriksa | sapisan ngaturkên paksi | Platukseta kang karya sêriking nala ||

--- 2 : 118 ---

10. mangkya Yuyu sampun ngakên têrang têrus | kawula tan trima | minta adiling nagari | lah sumangga suku kula kapriksaa ||

11. tatunipun krowak maksih sêmu biru | sawêg timah-timah | nulya rahadèn ngabèi | andhawuhi sarayuda kinèn mriksa ||

12. inggih sèstu Harina aturanipun | cundhuk lan Rêkatha | dènira akarya kanin | wus kapriksa malih Yuyu ing pradata ||

13. hèh ta Yuyu dene sira nyapit suku | Kidang kala nyabrang | apa sababe ing nguni | Yuyu matur tanpa sabab mung sêmbranan ||

14. sêmana wus trang ngaku papriksanipun | nuli tinulisan | kamot ing sêrat pêrklaring | Dyan Ngabèi Kancil Mongpraja ngandika ||

15. wruhanamu para saksi-saksi iku | saha pasakitan | padha lêbokna ing sêpir | prakarane kudu munggah marang landrad ||

16. ingkang mutus sabab prakaraning Yuyu | prêdidèn rad sambang | kang kuliling mubêng nagri | wus mangkono unine anggêr Nèdêrlan ||

17. besuk Sabtu hèlêp rad yustisi mêtu | Lingsang èstri priya | lan patinggih kêna mulih | lamun ana timbalan enggala seba ||

18. bubaran wus sadaya saksi tinutup | marma pinanjara | awit saksi kèmbèt juti | sêsangkutan jawabe tumbak-tinumbak ||

19. kinjêng Platuk Kêmamang Kidang puniku | Garènggati Konang | Kodhok Lele malbèng buwi | datan pae manusa adiling praja ||

20. iya iku pulisi yogya tiniru | mbladhit ruwêt samar | ewuh pakewuh asungil | suprandene bisa antuk katêrangan ||

21. saking putus pamarsudining laku dur | njlimêt anon warta | paribasaning pawèstri | kang wus komram ngêdom-dom sumurup toya ||

22. tan kadulu jarum lumêbu ing banyu | mangkono manusa | yèn kinon ngupaya juti | lah miriba pratikêle Amongpraja ||

23. yogya dèn nut lêlakon iki saèstu | yèn jaman samangkya | sêpiyun ngupaya titik | anèng paran nyêkêl layang gawe umbag ||

24. songar umuk biwara dèn nggo narutus | nrèthèk sabên pakan | mung golèk kalèlèt yakti | yèn micara nèng humpoa lir adpokad ||

25. kèh kang krungu bisu tuli wuta wêruh | yèn iku utusan | labêt umuke tan sipi | kawarnaa kang anèng jêron kunjara ||

--- 2 : 119 ---

26. sampun dangu saksi-saksinira Yuyu | ingkang anèng wisma | Lingsang wus dene patinggi | dhinawuhan arsa linandrad rad sambang ||

27. ari Sabtu dinane kang wus tinamtu | kinèn sami seba | pêpaka jam sanga enjing | ngadhêp landrad pasamuwaning para rad ||

28. samana wus têkaning ari kang tamtu | ki pangulu jaksa | punggawa gêdhe ngrangkêp lid | wus pêpakan nèng bale landrad samana ||

29. sangkêp cukup prajurit kang jagèng kewuh | kori sarayuda | upas jinêman miranti | dene ingkang mangka padananing jaksa ||

30. dwirada gung mungguh kang dadya pangulu | yeka Uwauwa | Palwaga kang dadi gripir | Andaka kang mangka Lid numêr sajuga ||

31. loro têlu Sima Warak samya lungguh | sadayambêk nalar | mring khukum Nèdêrlan ngênting | dene Uwauwa wus nuksma ing syara' ||

32. datan dangu hèlêp rad yustisi rawuh | Radèn Amongpraja | para garap angurmati | gita-gita tataning nagara krama ||

34. Dhandhanggula

1. mêmanisimêmanise. kumpuling para lid | agêng alit sumaptaning tata | ingkang jaga pakewuhe | sirna wancaking kalbu | lir pranatan Nèdêrlan bab ping | rong atus sêlaweprah | panjaganirèng dur | anèng pasamuan landrad | wusing pêpak pasakitan saksi-saksi | pangagêng urut lênggah ||

2. presidhène nèng kidul pribadi | kiwanira kang lungguh pragosa | nuli pangulu keringe | jaksa ingkang sumambung | angubêngi meja sawiji | samya kursèn sadaya | nulya têngênipun | presidèn lid nomêr juga | nomêr loro praptèng têlu lunggyèng kursi | prabawa lir mandaya ||

3. wus tinata panggonaning saksi | aywa kongsi bisa sêkaitan | mring sakitan mamrih rèwèl | presidhèn adhêdhawuh | pêsakitan kinèn nimbali | wus sumaos ing ngarsa | wèt Nèdêrlan nyêbut | rong atus patang puluh pat | kudu priksa wisma umurira tuwin | kang dadya panggotannya ||

4. sampun titi presidhèn tumuli | dhawuh marang wakilirèng jaksa | Gajah kinèn ngunèkake | pandakwa kang ingatur | anêtêpi anggêr

--- 2 : 120 ---

bab kaping | rong atus kawan dasa | gangsal ungêlipun | sawarnining pêpariksan | lan pandakwa jaksa ingkang paring uning | mring saksi myang sakitan ||

5. nyêbutakên ing purwa madya nis | dyan dinangu Kidang mulanira | Platuk Kêmamang arèntès | Mlandhingan Kinjêng wau | Kodhok Konang Lele turnya ris | sadaya dipun sumpah | sadèrènge matur | paturanipun tan siwah | kadya ingkang sampun kasêbut pêrklaring | trangginas gripir landrad ||

6. sajêrone pranatan ing Hindi | bab ping satus sangang puluh papat | iku gripir wêwênange | kang nulis anèng buku | datan kêna nurun pêrklaring | kudu trang gugat jawab | ijowaning ngriku | myang panangkising sakitan | mungkir ngaku gripir kang kudu nulisi | mangkono salaminye ||Guru lagu seharusnya: 7a, mangkono salaminya.

7. nulya gugat saksi angka siji | tinimbalan sumaos ing ngarsa | ingagnyan sumpahe dhewe | jaksa kang nuntun wuwus | ki pangulu ingkang nampani | katib nyêkêli kitab | ingungkulakên wus | mangkana prasêtyèng Lingsang | dêmidhêmi. Allah Rasulu'llah lamun kidib | ywantuk barkahing Kuran ||

8. ingkang arsa amba unjukkên mring | kanjêng priyagung kuwasèng landrad | nulya Lingsang matur barès | lir ature ingkang wus | purwa madya wusana titi | presidhèn angandika | apa nyata Yuyu | sêkawit Kidang anyabrang | sigra Kidang tinimbalan majêng ngarsi | sadaya matur têrang ||

9. cocog datan ana kang nalisir | para saksi miwah pasakitan | dhinawuhan mundur kabèh | presidhèn nggalih khukum | mring pangulu jaksa para lid | lir anggêring panimbang | bab kaping rong atus | wolung puluh ro pratela | pangulu kang nggarani tibaning adil | mamèt daliling Kuran ||

10. Uwauwa aturira aris | ingkang kasêbut wontên Musakab | makatên lafal ungêle | mankatlayu katipu | pardikane wong kang matèni | yaktine pinatenan | jaksa lid sarujuk | bab rong atus wolung dasa | gangsal wus sah patang prakara mêpati | panimbanging para rad ||

--- 2 : 121 ---

11. sampun cundhuk kumpuling pêrgadring | nora ana siji kang sulaya | khukum anggêr myang kitabe | pancasing rèh kang dudu | arès saksi gya dèn dhawuhi | majêng wus anèng ngarsa | tata urut lungguh | Kancil presidhèning landrad | adhêdhawuh mring sakitan saha saksi | hèh padha sumurupa ||

12. bab prakara patinirèng bayi | anak Lingsang kang nèng ngisor gayam | Si Yuyu iku purwane | sêmbrana ala nganggur | nyapit sikil tanpa prakawis | bakal ingukum kisas | nanging maksih tunggu | arès ponising nagara | Mêsir Kangjêng Nabi Suleman ratwadil | kang wênang ngukum kisas ||

13. dene Kidang sabab dadi margi | midak bayi Lingsang kongsi pêjah | kênèng paksa nyambut gawe | sataun lawasipun | Platuk lawan Kêmamang sami | karone padha salah | gawe laku dudu | tampa paukuman krakal | nêlung sasi Kodhok Kinjêng Garènggati | Konang ngrong sasi paksa ||

14. dene Lele kinrakal sasasi | wus mangkono êtraping wasesa | lajua tumapak bae | dyan presidhèn paring wruh | marang Yuyu kang kokum pati | hèh Yuyu sawusira | mangkono putusmu | sira araparêp. matur apa | supayane golèk mayarmu pribadi | Yuyu matur sandika ||

15. mung mangkana ciptanirèng ati | iki khukum kasalahan ingwang | sungkan nganggur dadi rèwèl | nêrak walêring ratu | têmah tampa adiling nagri | sumangga aturira | amba tan darbyatur | samana landrad bubaran | pasakitan binalèkakên mring sêpir | pranteyan nambut karya ||

16. dene para saksi lan patinggi | santerone samya dhinawuhan | mulih ring wismanira ge | angêntènana dhawuh | arès ponis saka ing Mêsir | Suleman wicaksana | bêbênêran luhur | Lingsang tyasira gambira | sukur-sukurira amarwata siwi | wêdyasih ing parentah ||

17. kang mangkono ukuming Hyang Widhi | dadi paribasan adilu'llah | kang wus kalair jatine | prakara samar lêmbut | amung Gusti kang sifat 'alim | waskitha ing alêmbat | wong ala katêmu | kalakuan palacidra | nadyan nora ana kang wruh lami-lami | kawadakèng prakara ||

--- 2 : 122 ---

18. tumibaning wêwalês nagari | khukum adil dadining prajarja | jêjêg ngawruhi lakone | kasub pratamèng lêmbut | amancasi sukêrtyèng nagri | kang rawe-rawe rantas | titis têtês têrus | ing anggêr khukuming kitab | brêsih titi tata laraping prakawis | mimbuhi kautaman ||

19. marma wajib atasing ngaurip | nggêgulanga khukumirèng nalar | khukum iku bènèh-bènèh | sanadyan bapa babu | sadulur myang tangga têpalih | têpungan sêsanakan | ana khukumipun | marma aran Amongpraja | amarsudi pranatan tataning ngurip | marah ing pangadilan ||

20. yèn wong urip wus bisa ngadili | sajêroning ati ana jaksa | patih pangulu presidhèn | kang wajib mêngku khukum | angukumi barang sakalir | sadulur mitra sanak | tuwin bapa biyung | kasêbut swarjanotama | kotamane ulah tata tuwin adil | kanggo sadina-dina ||

21. dene kewan sadaya puniki | sajêroning raga ana praja | kang bisa amatrapake | sayakti nora ewuh | barang wuwus barang panganggit | gitaning murti tama | yeka aran kawruh | 'ilmu kang luwih utama | bênêr luput jroning ati dèn kawruhi | sugih miskin datan was ||

22. padhang nrawang ingkang pikir wêning | sênêng urip tumêkèng antaka | khukum praja sakarone | lire jêro ing kalbu | anglakoni ayuning budi | sabar paramartèng tyas | nanging kanthi mahkum | têgêse duga prayoga | lire adil jaba lakuning nagari | tan pae jêronira ||

23. kang mangkono gêgolongan 'ilmi | budi ayu nuksmèng agal lêmbat | duga watarane ngêntèk | titi utamèng laku | lakuning wong swarjana murti | karsa yu nyamahita | pamêngkuning idhup | wêruh jaba jêroning tyas | iku Kancil Amongpraja kang binudi | dayèng sinau nalar ||

24. jaba jêro kang dèn aji-aji | kudu dèn ajar ing kautaman | wit raga manut sapangrèh | kana kene kacakup | marma ngupa cukuling

--- 2 : 123 ---

ati | saka sajarwèng liya | mungsuh dadi wuruk | arda murka dadi wulang | kere ngêmis gawa bathok mituturi | kang nglangut lamat-lamat ||

25. nyamut-nyamut ingkang durung tampi | wulang saka badanirèng liya | tanggapa tyasira anggèr | kang ala mulang bagus | wus dene wong kang tindak bêcik | nanging kang durung tunggal | budi aywa nggugu | aywa ge-age cineda | lan aja bèrbudi sarta aja cêthil | wruha adil jro jaba ||

26. pira-pira kang gumlar ing bumi | bocah cilik mulang marang sira | wong tuwa nuntun mring kowe | arda dupara iku | nanging nyata wasita iki | upayanên supaya | jajahing pangawruh | dadya khukum jroning nala | lêlantihên apalna sajroning ati | papan kang tanpa sastra ||

27. têgêsira tulis tanpa mangsi | yèn wus manjing sajêroning garba | kalamu'llah hakikine | kitab kang bangsa luhur | wingit muluk nglangit tan kèksi | muhung wong wicaksana | ingkang bisa wêruh | marma ywa pêpeka sira | nggêgulanga duga wataraning urip | lair batin prasaja ||

35. Gambuh

1. gambuh ingkang kawuwus | arès ponis mangkya prapta sampun | saking Mêsir rad gêdhe kang wus pêrgadring | Suleman kang maha agung | prakara Yuyu kapêdhot ||

2. putus rampunging rêmbug | radyan bèi mangkana kang dhawuh | mring Dwirada dina Sabtu benjing-enjing | èstuning paseban khukum | sadaya kinèn mirantos ||

3. saha saksi sadarum | pinêpakna anèng alun-alun | kori sarayuda prajurit kang baris | Gajaksa aparing dhawuh | Yuyu kang anèng jro gêdhong ||

4. mangkana dhawuhipun | hèh Rêkatha dina Sabtu sesuk | sira èstu katrapan adil nagari | nêtêpi putusing rêmbug | ginantung tumêkèng layon ||

5. ana ing alun-alun | saking dhawuh amung lêt sadalu | saksi-saksi lanang wadon lan patinggi | wus sami sumaos kumpul | Kancil Amongpraja miyos ||

--- 2 : 124 ---

6. dene pancakanipun | pagantungan wus samaptèng ngriku | Yuyu saking panjara ingiring mijil | gumrudug kang ngurung-urung | kumêrab sato kang nonton ||

7. wus pêpak lunggyèng ngayun | ponis saking Amongpraja mulung | tinanggapan ring jaksa punang kintaki | Gajaksa nulya dhêdhawuh | hèh Yuyu rungokna mêngko ||

8. iki layang ponismu | sun wacane akèha kang krungu | dadya conto mringmrih. ngati-ati ing wuri | mangka kaca bênggala gung | mulang sakabèhing sato ||

9. ringkêsan kang kasêbut | ingkang awit asma Kangjêng Mulku | kang abaris ingaban plassêntirguwir | iyèku kurmat panjunjung | tata luhuring karaton ||

10. surasèng ponis cukup | ringkêsaning nalar kang kasêbut | saksi-saksi saha panimbangirèng lid | ngaku pamungkiring Yuyu | tibaning krampungan layon ||

11. kancinganing srat nyêbut | wèt sêtatblad pathokaning rêmbug | kang kinarya wêwaton pancasing pati | tuwin khukum saratipun | Yuyu munggah pancaka lon ||

12. lawe sumingsêt gupuh | dyan pinêsat Rêkatha gumandhul | wusnyantara Yuyu yitmakanira nir | ragane kèri gumantung | tandya ingudhunkên alon ||

13. Susawa sinungkên wus | marang Lingsang jalêr èstri gupuh | tinampanan gya dèn mamah têkèng mangkin | Lingsang pakanane Yuyu | sigra bubar kabèh sato ||

14. akèh kewan kang ngungun | dupi wêruh kasêntikanipun | Amongpraja dènira nibakkên adil | dadya lupiya sawastu | dening walang taga sato ||

15. jatine kang ginantung | têkèng pati kewan kang sami wruh | kang supaya dina wuri padha eling | ngungkurna panggawe dudu | ngarêpkên budi krahayon ||

16. kang wus mati nora wruh | mung kang urip padhaa mituhu | ing parentah tata têntrêming nagari | saka prabawaning khukum | kabèh idhêpa pakewoh ||

--- 2 : 125 ---

17. samana saya guyub | sato kewan satanah Jawa gung | wêdi asih mring Sang Amongpraja Kancil | sêtya tuhu ngèstu dhawuh | kang tungguk kang rundha patrol ||

18. wus sasat ratu agung | hèhingkèhing. kewan tan kêna ginunggung | lamun nuju paseban Sênèn lan Kêmis | ajêg jêjêge lastantun | kataman paramarta nom ||

19. dupyantara wus dangu | arjanirèng praja dhusun-dhusun | gêmah ripah pasir wukir loh jinawi | doracara sirna larut | akèh kang makbud Hyang Manon ||

20. tan pêgat limang waktu | ngluhurakên karaton Hyang Agung | akèh kewan kang dadi 'ulama mukmin | kang mangka lêluhuripun | Wauwa pratamèng kewoh ||

21. pintêr mring syara' putus | tajêm ing tyas rina wêngi sujud | makbudu'llah narupakkên cipta êning | anglanggêngakên pamuruk | mukmin akèh kang sumaos ||

22. kèhing dalil ginêlung | têmbung 'Arab têmbung Sam têmbung Rum | kitab Kuran kang mêmêt kang wêrit-wêrit | datan kewran wus kacakup | sigêg gantya kacariyos ||

Prakara drêdahing Baya lan Banthèng wahananing jaman Angkara Murka

23. wontên sawiji Bajul | dibya sakti santika gung luhur | apêparab Kyai Lurah Kalasrênggi | kang kahyangan anèng kêdhung | Kali Lèrèng jêmbar jêro ||

24. waktu samana nuju | masa katri tanpa ana têruh | kali ingkang cilik-cilik asat sami | kang gêdhe mèh tanpa banyu | têmah arang bathang anjog ||

25. marang ing Nglèrèng wau | santerone Kali Lèrèng ngriki | yèn janmaa pacêklik larang rijêki | kèhing wiyangga nênuwun | salat kajad mring Hyang Manon ||

26. kang mangka adat Bajul | yèn ngupaya bukti bathang-buthung | nora mêtu saking sajêroning warih | sarèhning cilik kang ranu | arang ana bangke sato ||

--- 2 : 126 ---

27. nanging satunggal wau | kang sadarpa murka tyasira dur | marma kongsi katêlah Ki Kalasrênggi | putus pratikêl mrih dudu | yèn luru parane adoh ||

28. kongsi prapta ing gunung | wana-wana têbih saking banyu | amila tan kongsi kêkurangan bukti | asring ngrodapaksèng laku | ngincih yèn wêruh bêburon ||

29. lasar têguh timbul tus | putus lamun maeka mring makhluk | yèn sêsaba mring dharatan alas pripih | kadhang munggah gunung Jêruk | kambah kiwa têngên kono ||

30. baya siji puniku | kang nglurahi Kali Lèrèng wau | saking nakalira karan Sambangmargi | kèh dalan mati witipun | Bajul kang laku mangkono ||

31. paksa kuwawa dir gung | kathah sato kewan kang kadaud | kaprajaya dening Buaya wêwèri | samana ing dina Sabtu | Kalasrênggi luru sato ||

32. wus antuk kongsi tuwuk | turon sukunirèng gunung Jêruk | ing jugangan papane asilir-silir | kang sarta bantalan uwuh | maskumambang kang gumantos ||

36. Maskumambang

1. kanan kering jugangan akèh wit jati | dene nginggilira | wontên prabatang wus lami | rungkat sumendhe ing êpang ||

2. kintên-kintên sampun wontên gangsal warsi | dene agêngira | kalih elo winatawis | panjangipun kawan cêngkal ||

3. wus adate Baya lamun mêntas bukti | anjajah wanarga | raga cape sigra ngisis | kasilir ing samirana ||

4. bajul anèng jugangan sênêng ing ati | turu ngenak-enak | nuli ana sindhung prapti | bajra riwut pancawora ||

5. prabatang kang sumendhe têmah ngêbruki | nanging tibanira | nora ngêbruki mring srênggi | amung nasabi jugangan ||

6. ambanira jugangan wau watawis | rong mètêr Nèdêrlan | ujure limalas kaki | jrone patang elo lawas ||

--- 2 : 127 ---

7. mujur ngetan kang mangka prabatang jati | ngulon rubuhira | dadya srêg nanging nasabi | Buwaya kagèt trataban ||

8. wus mangkana kamokalaning ngaurip | dene tan katiban | mung katindhihan sathithik | Baya dahat ngungunira ||

9. nulya ndêdêl ngungkil mrakungkung kang gigir | saking gênging batang | jati ingkang anindhihi | êntèk rosane tan kangkat ||

10. siyang ratri ndêdêl saha ngungkil-ungkil | nanging tanpa daya | marma putêk ciptèng Srênggi | gêrêng-gêrêng garayahan ||

11. mahyakakên mantra dibya guna sakti | sadarpa mêmalad | kang nala sayuta sêdhih | nanging maksa tanpa daya ||

12. lêsah lêsu lês-lêsan lir pendah ngimpi | panon sunar jênanrjênar. | nar-naran mung nyipta pati | munajad ring dhèwèkira ||

13. nuli muwus kaniaya têmên angin | sun tan darbe utang | nadyan kaki buyut mami | kaya uga nora utang ||

14. pagenea têka gêthingmu kêpati | apa ndhêm-êndhêman | akèh kaananing bumi | mung ingsun ingkang kêbrukan ||

15. dhuh dewaku Hyang Baruna kang ngwasani | bêburon ing tirta | wêlasa mring Kalasrênggi | umanggih siksèng prabatang ||

16. sangsayarda bingung dahat mêpêt ati | mangkana ciptanya | kaya paran awak mami | sapa yogya angsung wêlas ||

17. mangka ingsun iki putus marang 'ilmi | apa sun mêminta | tulung marang Maha Suci | yèn Allah pasthi tan bisa ||

18. nora ana Allah bisa mitulungi | lamun têtulunga | yaktine dudu Hyang Widdhi | nulya Bajul nabda sora ||

19. gêmbar-gêmbor tulung-tulung jêrat-jêrit | ing alama-lama | antuk kalih dasa ari | kèri gagra lan usika ||kusika.

20. labêt datan boga tuwin ngombe warih | wus èstha gusthika | tangise sangsaya ririh | sabab saking lêsahira ||

21. amung kèri gêrêng-gêrêng ngrintih ririh | samana wus pasrah | ing nala narimèng pati | nulya ana dwi Andaka ||

22. jalu èstri sami mantuk saking nagri | dene wismanira | ing Wanarata kang nami | Mukhammad Salèh pardikan ||

--- 2 : 128 ---

23. dêdêg agêng luhur mêmpêng ing birai | dèrèng darbe suta | antukira nêdya mampir | pawong mitrane Andaka ||

24. dhatêng Wanapangasih sipêng saratri | enjing dènnya mangkat | ngidul-ngulon mampir malih | mring gunung Jêruk mèt boga ||

25. kathah taru lata pradapa asêmi | nutug panadhahnya | midrèng têtirahing wukir | Banthèng miyarsa suwara ||

26. mêlas-arsa nangis ngaruhara ririh | anggêgèndèng trisna | Ahmad Salèh nabda aris | hèh yayi sira rungokna ||

27. ana swara udrasa nggêgèndèng ati | yeka sêsambatnya | payo yayi dèn ulati | yèn sato kênèng rubeda ||

28. ingkang èstri sarujuk lajêng ngulati | samana wus panggya | ênggèning tangis kang ngrintih | ana sangisoring watang ||

29. baya ingkang katindhihan kayu jati | Banthèng duk wruh wêlas | wus darbe kira yèn sakit | katindhihan ing prabarang ||prabatang.

30. dahat njêngêr gêtun ngungun Banthèng kalih | nulya alon nabda | Mukhammad Salèh lan Srênggi | karana apa Buwaya ||

31. ingsun kira nèng kene sira wus lami | kacihna swaranta | sêrêt netyanira lutih | lah ta sapa aranira ||

32. kali ngêndi Baya kang sira omahi | mrene golèk apa | Srênggi mangsuli wor tangis | hèh Banthèng wêruhanira ||

33. panêngranku wong akèh kang angsung nami | Kyai Adipatya | Kalasrênggi krajan mami | Kali Lèrèng kulon ika ||

34. nadyan Baya sun iki dadi bupati | amasesèng tata | mancasi dora dur karti | putus saliring kagunan ||

35. tamtu bae sira maido ing ati | nanging iya layak | ingkang angarani kidip | dene nèng kene purwèng wang ||

36. têkèng dina iki wus rong puluh ari | nguni sun cêngkrama | ngèksi wana-wana wukir | sayah nuli sun sarean ||

37. nèng jugangan kang sun turoni puniki | romot-romot kathah | suda prayitnèngsun tan wrin | yèn ndhuwur ana prabatang ||

38. durung suwe nèng kene bajra gung prapti | ngrubuhkên prabatang | bagyèngsun nora nindhihi | wus antuk rong puluh dina ||

--- 2 : 129 ---

39. datan nendra tan bukti lan nginum warih | sun ngantêp karosan | ndêdêl batang datan kongkih | japa mantra nora guna ||

40. kèh kamayan mujijad dayaning budi | sirna tan tumama | wus takdir kodratu'llahi | yèki marganing pralaya ||

41. mung gêtunku lawas têmên nora mati | marma kamahyangan | bagyèngsun tanpa upami | brangtaningsun tulungana ||

37. Asmaradana

1. wuwuse sarwi anangis | ngrêrêpa norragèng sabda | hèh Banthèng wêlasa mring ngong | wêtokna saking sangsara | luwara duhkitèngwang | lamun sira tan têtulung | luhung untapna pralaya ||

2. tumêkaning jaman sukci | sukur sèwu sira bisa | ngungkil watang jati kiye | sun kira kalamun sira | guyub saeka karsa | lan rabinta barêng njunjung | pasthi kuwasa sun mahya ||

3. luwar saka ing bilai | sun mulih mring wismaningwang | nglairkên bungah sun Banthèng | katêmu swami lan putra | sêlir parara-rara | kang wus lawas ngayun-ayun | iba sukaning wardaya ||

4. apa manèh sun tuturi | mulyèngsun saka ing sira | kang nyambungi umur kowe | mendah dene kabagyanta | sajagad tanpa sama | kabotan olèhmu mikul | nampani piwalês ingwang ||

5. kaul sun yèn bisa mulih | mring Kali Lèrèng wismèngwang | iba ontungira Banthèng | sun darbe uni yun ngganjar | sawiji akik loyang | wus warna kalpika mancur | ngungkuli cahyèng jêbarjat ||

6. êmbanane wêsi kuning | akèh barkah sawabnya khak | sapisan slamêt jisime | kapindhone mêngku drajad | ping tri sugih arta mas | sêsotya sasaminipun | ping pat sinihan ing jagad ||

7. dene punang wêsi kuning | puniku ratuning braja | waja wêsi mandi kawon | tênung blutak wisa tawa | jin setan bubar sirna | ing nguni pêparingipun | Nabi Kilir Maolana ||

8. prabawa kang gêdhe malih | luwih parlu mungguh sira | yèn nganggo ana jroning we | kêdhung talaga samudra | blas sirna lir dharatan | tan krasa nèng madyèng banyu | sabarang apa pratela ||

--- 2 : 130 ---

9. puniku dayaning akik | tamat lir ana dharatan | Andaka lamun siranggo | anèng pucuking sungunta | sun kira nora sêsak | lananga wadona iku | kang nganggo padha sêktinya ||

10. lan manèh ujar sun nguni | sing sapa têtulung ingwang | njunjung watang jati kiye | sun arsa kaul nayuban | kang sarta andrawina | ngaturi para tumênggung | bupati mancanagara ||

11. sagara kidul puniki | bupatine pira-pira | saha asistèn residhèn | wadana asistèn kathah | mantri pulisi dêmang | myang kliwon riya panèwu | mantri sapangrêmbenira ||

12. pakampungan urut margi | asri tinon saking ratan | omah gêdhong pagêr tembok | toko lusmèn Jawa Landa | sabên dalan prapatan | toko Cina lan pak candu | wong adol sabarang ana ||

13. pasar gêdhe pasar cilik | gumêlar dêdagangannya | kang mancèrèt kang mancorong | pating krêtip pating glêbyar | kang èdi endah-endah | triko sutra lakên bludru | warna-warna neka-neka ||

14. pèni-pèni rajapèni | guru bakal guru dadya | ingkang pêtha wala ijo | gêlang kalung timang jlêbrah | suwêng mêntul jungkat mas | pinatik barleyan mancur | pasèt jumêrut lan mirah ||

15. ali-ali warni-warni | lintring tajug myang bandhilan | gunung sapikul dhapure | barliyan pasèt klèthèkan | mas ore dhêdhacinan | dhuwit uga tanpa gunggung | sêmat rupiyah têngahan ||

16. talèn kêthip sarta kêlip | benggol sèn bribil Nèdêrlan | wang krêtas atusan ewon | nyèkêt nyalawe nyadasa | saiba sênêngira | lan malih punaginingsun | yèn sira wus praptèng kana ||

17. sungu tracakmu sun rukmi | tinarètès ing barleyan | kang tigp-tigtig-tig. iba abyore | sun uga duwe kêmasan | sarawèdi ing banjar | sun kon gawe kalung gumyur | horlojièrloji. mas timang jlêbrah ||

18. swaminta ingsun praboti | suwêng kang panunggul sanga | intên nyakêpêl gêdhene | sumping kalung gêlang kana | tuwin kang larap sutra | èstu rinta tambah ayu | kaya rarasati swarga ||

19. yèn wus sami sun dandani | wastra lakên bludru sutra | sun arak gamêlan gêdhe | slendro pelog myang musikan | cokèk angklung tarêbang | ingiring 'ulama jamhur | mudyastuti marang sira ||

--- 2 : 131 ---

20. mubêng bètèng drèl ngurmati | pistul bêdhil kalantaka | mriyêm ting glêgêr swarane | arsa nunggang apa sira | krêmun joli jêmpana | bèndi siyas kareta kus | ingsun sadhiyani sira ||

21. andrawina rina wêngi | lampu sèwu ingsun pasang | diyan dhudhuk gantung triyom | rêsbang kursi meja kênap | minuman kas-êkasan | janèwêr bètêr lan pêrmut | sampanyê anggur myang konyak ||

22. sêtrup amaneka warni | banyu ès banyu Walanda | bir marsala myang anisèt | pêpak kabèhing minuman | akèh lamun ingetang | srutu pêpak tanpa petung | ampêg ampang gurih ana ||

23. pêpak ananing jaladri | sun tuturi pêpanganan | taocing sonjin tangkuwèh | pastil kênari widaran | kêringan bangkèt adas | mari myang kombinatiyun | pêpak wutuh têtromolan ||

24. bludêr podhêng prol myang lapis | soklat makrun kêmbanggula | pankuk kongkuk lawan kulbèn | lidhah sardhin lan martega | salêm masakan sabrang | bêstik ase lapis sêmur | jangan sop gorèng-gorèngan ||

25. sambêl gorèng pête èbi | dhèndhèng ragi dhèndhèng bakar | bakmi sosis lan capjae | mihun tahu gorèng ana | sêgane warna rolas | wedang tèh gulane batu | têkane gondhok kêpikan ||

26. yèn esuk wedange kopi | sinaring nganggo pêrêsan | utawa kuninging êndhog | cèrèt kumrêngsêng tan kêndhat | anèng anglo kewala | rina wêngi lamun ngunjuk | ajêg angête tan gêla ||

27. dene kang ndarbèni akik | pilihan jroning samodra | ing kono tan ana loro | iya amung jênêng ingwang | kang darbe akik loyang | marma mukti run-tumurun | nutug main pêpanganan ||

28. mêmangan madon madati | apyun pirang-pirang rêmbat | ingsun esuk sore nyêrèt | ngècèng candu garang bakal | tayungan awar-awar | bakale sugatanipun | Banthèng marang sira benjang ||

29. puluh-puluh wong wus dadi | punagi sing sapa bisa | nyambungi urip sun Banthèng | sun tuturkên garwa putra | purwèngsun urip mangkya | sirèstu inguthun-uthun | widada sinung pradana ||

--- 2 : 132 ---

30. abot kapotangan urip | kang nyambungi umur sira | sasat malaekat kaot | 'Ijrail prapta sung nyawa | manawa sira wêlas | sarimbit padha sarujuk | njongkèng sisih kulon wetan ||

31. sanadyan sun têkèng pati | yèn wus panggih garwa putra | maris pusakèngsun kabèh | dhuwit pirang-pirang yuta | masa anaa ingkang | ngêdum yèn sun durung mantuk | dadi 'amal siya-siya ||

32. lan waris dadi bupati | sun srahkên putra pangarsa | saking bojo tuwa dhewe | kang pantês nampani drajad | sukur yuswèngsun dawa | anakku dadi tumênggung | ingsun pribadi bupatya ||

33. payo Banthèng jalu èstri | lairna wêlasmu padha | marang sapadhaning sato | kang dahat nêmu sangsara | lunturna kawlasanta | nulya Banthèng èstri kenyut | mring sabda kang amiluta ||

34. sadarpa wêlas lan melik | ujar pratignyaning Baya | Ki Ahmad Salèh sabdane | hèh ta yayi kayaparan | Si Bajul minta wêlas | prabatang bisane ngglundhung | saka gigiring Buwaya ||

35. ingkang èstri anambungi | dhuh kyai prayoganira | dipun tulungi lêrêse | adatipun kasangsaran | yèn tinulungan luwar | nêtêpi prajangjinipun | sanadyan pun Baya cidra ||

36. kang sifat samingun basir | yakti datan kasamaran | mring kang têtulung krahayon | paribasaning akathah | wiji sinêbar padhas | lawas-lawas masthi tuwuh | puniku 'amal utama ||

37. punapa malih pun Srênggi | darbe atur kathah-kathah | punagi kasagahane | yun nyukani akik loyang | êmbanan wêsi jênar | sumangga kyai puniku | kajêng sami dipun ungkal ||

38. jinongkèng saking sakêdhik | sisih sewang kilèn wetan | sarana sungu kemawon | nanging Baya prayoginya | ingantêp kang pratignya | têmên-têmênirèng kalbu | arsa angsung akik loyang ||

39. nulya dèn antêp pun Srênggi | sêtya tuhu wus supata | Banthèng ro tumandang age | mahyakkên kêkuwatannya | angungkil kering kanan | umanjing karnun tumanduk | dangu datan kangkat-kangkat ||

40. mrês budi wikramawrêdi | mathênthêng urat myang tulang | bayu kulit daging kabèh | mandhak mijilakên lênga | tala ing punuk rata | midrèng angga sasat adus | yèn kadibyaning Andaka ||

--- 2 : 133 ---

41. bandung bandawasa dadi | prabatang jati wus kangkat | kagila-gila rosane | sawusing mênga Buwaya | mbrangkang mêtu saksana | blonging tyas ananging nglumpruk | angga tan bangkit nggulawat ||

42. bab anèng kono wus lami | tanpa boga arang nendra | marma samubarang cape | Baya alon sabdanira | Banthèng ingsun atêrus | mring Kali Lèrèng krajanku | aywa tanggung karyotama ||

43. lawan bakal anampani | wêwalês kang tanpa timbang | aywa wancak driya Banthèng | Angun-angun nambung sabda | yèn mangkono karsanta | ingsun tutkên salakumu | aja sumêlang ing nala ||

44. dyan lumaku nglêlêr rindhik | saking lêsahirèng angga | pêt-pêtan mêtu konange | tandha yèn dahat ngrêkasa | panon sumunar pita | kuning sabarang kadulu | alon sabdane Buwaya ||

45. kayaparan awak mami | dene wus nora kuwawa | bok ingsun gendhongên Banthèng | babar pisan kadarmanta | tumulung kauripan | aywa tanggung karya bagus | basuki susilotama ||

46. wruhanta budyayu tami | paramarta mrih widada | rila ekhlas ati salèh | 'amal katur ing ayunan | -ning Dzat kang murwèng 'alam | aywa mamang laku bagus | Pangeran sifat ngaliman ||

47. banthèng ciptanirèng ati | ingsun tulungane pisan | mokal cidraa wuwuse | rèh dudu bangsaning rucah | isih Buwaya têngah | tandha kasaguhanipun | awèh barang neka-neka ||

48. yèn tan darbe nora bangkit | muwus kang kaya mangkana | tumulya Bajul ginendhong | ing gigir de suku ngarsa | kang loro ngrangkul jangga | sirahe tumumpang punuk | Banthèng wadon atut wuntat ||

38. Pangkur

1. samantara lampahira | praptèng têpining Pragawanta kali | nuli anyabrang ing banyu | rèhning masa Katiga | cêthèk bae banyune kang dudu kêdhung | Banthèng nulya pasrangkara | mudhunna wus praptèng kali ||

2. mlakua sun atut wuntat | masa ingsun tegakna sira Srênggi | Bajul muwus mêlas-ayun | payo Banthèng ngidula | wruhanira Bagawanta iki dudu | karaton ingsun Andaka | Kali Lèrèng kidul iki ||

--- 2 : 134 ---

3. yèn wus tumêkèng têmpuran | Lèrèng Bagawanta dumadi siji | wus parêk lan karatonku | udjunnaudhuna. jroning pura | kang supaya para putra garwa mêthuk | wêruh sira nggendhong ring wang | saiba bungahe sami ||

4. pramanakna yèn wus cêdhak | ana tandha manik warih dumêling | mangidul sathithik wêruh | sitinggil brajanala | srimanganti danapratapa kadulu | Banthèng lêga nalarira | Baya maksih anèng gigir ||

5. wus têbih antaranira | saya ngidul mêndhakmundhak. jêro kang warih | saput sampil toya sampun | Banthèng malih wuwusnya | lah Buaya nèng kene prayoga mudhun | Baya mbêkuh aja-aja | katanggungan gawe bêcik ||

6. ngidula sathithik êngkas | ingsun kira rong puluh cêngkal kèri | yeka alun-alun ingsun | aywa uwas sumêlang | mêlang-mêlang watir bab jêroning banyu | lamun barêng lawan ingwang | nulya Banthèng ngidul malih ||

7. anjog têlênging narmada | tyas kumêsar ciptanira ing ati | krasa ginêgêt kang punuk | cinêngkêrêm ing cakar | mracihnani Baya murang silèng ayu | Banthèng muwus mring swaminya | hèh nyai balia nuli ||

8. aywa sira atut wuntat | nadyan mati yayi salah sawiji | têrang yèn Baya mrih dudu | druhaka arda murka | nulya ingkang èstri cangkelak wus wangsul | jinjit wus tan ngambah lêmah | nglangi nulya têkèng pinggir ||

9. klithihan anyunggar-nyunggar | ngetan ngulon bingung wêlas ing ati | wêruh lakine nèng banyu | kaloloh ing pitênah | nêdya labuh ambyur kang priya mring ranu | nanging tan awèh têmahan | nèng tawing kewala ngèksi ||

10. dènnya samyadu karosan | ngantêp paksa ambêk dibya gunasti | punang banyu lir kinêbur | Banthèng wus tanpa daya | rèh punuke wus kinakahan ing Bajul | kapindhone kalah rosa | sabab dudu bangsa warih ||

11. mênang ingkang darbe blabag | Banthèng sabên minggir tansah tinarik | ginèrèt mring têngah banyu | nadyan pinggiring padhas |

--- 2 : 135 ---

nanging malah ana têlênge ing kêdhung | gobak-gobik lêmbak-lêmbak | Buaya ascaryèng ati ||

12. wus mangkana buron tirta | ing nguni wus cape tan bisa mosik | dupi wus kambah ing banyu | pulih ndadak sakala | kuwat manèh saha ngisêp-isêp punuk | suku ngarsa nyêngkrêm jangga | kang wuri nyêngkêrêm sampil ||

13. buaya wus tanpa wêlas | muhung eling sato dharat mring warih | Kalasrênggi sabdanipun | mèsêm winor pangerang | sira Banthèng wus pasthi dadi mangsanku | kewan dharatan mring toya | nora wurung sun jêjuwing ||

14. sun pragat sun rêncak-rêncak | rèh mêmangsaning wiyangga sirèki | têka kumasura purun | sungil rumpil sirambah | dudu sanak pawong mitra kwanuhanku | mandhak satru kang wus nyata | pêpêsthèn kodratu'llahi ||

15. dadi panganing Buaya | santerone bêburonirèng warih | saha kewan samudra gung | padha doyan mring sira | narimaa kinarya pista bangsaku | sadaya isining toya | akèh kang nganggo sêrêpin ||

16. sarat dhasaring pikuwat | lah sandhangên Banthèng ganjaran mami | aywa katanggungan bagus | budyambêk paramarta | martotama utama samining makhluk | rila daging tega laya | lara tan mundur sanyari ||

17. kang mangkono sabilu'llah | wruhanira dêdalan ring Hyang Widhi | kêtampan sêmbah bêktimu | sah sira ngaku Islam | awit wani nêtêpi unining Usul | saka kaoling 'ulama | lafal kang mangkene iki ||

18. kandhane kang ahli kitab | al-islamu dabikul nupus ati | têgêse wong Islam iku | nambêlèh napsu lirnya | ala napsu dene nyawamu sun kêlun | nrimaa akhiring dunya | ing akhirat nêmu swargi ||

19. kang langgêng tanpa wusana | luwih ni'mat munfa'at swarga nangim | seje kang lir awakingsun | wus kapir na-kumuna | pasthi lamun nraka jahanam sun têmu | kêkêl nora luwar-luwar | cundhuk lan dalil 'Akaid ||

--- 2 : 136 ---

20. wa ama kapiru pinar | pardikaning kapir sajroning gêni | salawase nora mêtu | marma Banthèng nrimaa | ywa sumêlang sira pasrah daging punuk | dadiya sidêkahira | Gusti Allah ngudanèni ||

21. saiki nadyan tan ana | ananging dzat mulya ingkang mangèksi | Wallahu naglimunngalimun. guyub | Allah priksa ing lêmbut | kalamu'llah nulis ingkang tanpa dhawuh | nyathêti klakuan umat | ala bêcike katulis ||

22. sirèku Banthèng sarjana | murtyèng titah salèh budya yu tami | raharja nuksmèng sila yu | dêdana nyamaita | krêtartèng tyas nirmala wus nora keguh | gagah kuwat ngudi wirya | wicaksana ahli budi ||

23. kongas ing jagad wiryawan | midrèng dunya pinacak ing pawarti | landa jawa cina mlayu | angabarakên sira | luwih rilan sabar ing tyas luwih bagus | sajagad rat tanpa timbang | karsanta yu arjèng kapti ||

24. iki aran akik loyang | ingkang nganggo êmbanan wêsi kuning | ningna Banthèng tyasirèku | okak-akik tan ana | kunang-kuning jaba mung daginging punuk | kang sun pundhut rodapaksa | krana sira mungal-mungil ||

25. sêmune kukuh tan rila | wus katara polahira puniki | sun pasthèkkên angun-angun | kulit dagingmu sirna | nadyan balung lawas-lawas ajur mumur | yèku rupaning sampurna | Banthèng nulya nambung angling ||

26. krapana amanuhara | angrêrintih murih lumuntura sih | dhuh Bajul mitrèngsun bagus | bagas gagah prakosa | satriya tus putus munah silèng ayu | murang arjaning susila | ngrusak tataning ngaurip ||

27. nglêbur pranataning dunya | mahyèng kara kararda gama suci | mbubrah darmaning tumuwuh | uripmu mung sapisan | sira tega ing patiku tanpa koguk | panjalukku marang sira | mung emuta bae Srênggi ||

28. tatkala amanggih papa | amung kurang sathithik tibèng pati | pati dalan nora patut | katindhihan prabatang | aja ana ingsun

--- 2 : 137 ---

sapa kang têtulung | ngluwari sangsaranira | mêtu wus tan sifat Srênggi ||

29. lêsah nglumpruk lir gusthika | nulya ingsun gendhong kaulmu ndhrindhil | kang mokal elok sumaguh | punagi malês mulya | malah sira kala durung bisa mêtu | prasêtya kanthi supata | nulya ingsun laksanani ||

30. sira tan bisa lumampah | wit pêt-pêtan panon sumunar kuning | saking bangête kang lêsu | sun gendhong praptèng toya | sun kon mudhun sira ngajak maju ngidul | dupi praptèng kene sira | dursila tega ngalani ||

31. upama sun balang kêmbang | kang sarwa rum sira ambalang tai | Buaya paran karêpmu | nurut warahe sapa | mirit saking kitab apa gandhulanmu | surti Wulangrèh Wiwaha | pustaka Tajusalatin ||

32. Tekawardi Asthabrata | suluk kuran Anbiya jroning tafsir | akèh kang nyêgah durta yu | sarupanirèng bangsa | salumahing jagad padha ngulah ayu | dadi gêgaman pralaya | Cina Landa Bugis Bali ||

33. Hindhu butun puwapuwa | Alipuru Aprikah ulah dini | sajarwa tutur kang bagus | supaya tamèng nala | nadyan nora luru mung ywa karya dudu | mupakat sakubêng dunya | kinèn widada nèng bumi ||

39. Sinom

1. sinome anglêbur tata | kautamaning dumadi | Baya gandhulanmu apa | ywa kadawa mahyèng budi | tumutur tan prayogi | saturunmu tan wus kèlu | emanên turunira | yayah tindaking sudarmi | muhung darma warta utama ring suta ||

2. yèn mangkono karsanira | murwani wulang rèh juti | arda murka ngrusak tata | susilèng rèh waton dalil | wit 'adam praptèng urip | kinèn ulah kang rahayu | wêlas mring sapêpadha | apa Baya sira lali | Kangjêng Nabi Suleman mulang mrih tata ||

3. lakuning nagara krama | duga prayoga ywa lali | pinrih nglakokakên têpa | kang kêna dipun lakoni | apa manèh saiki | ana kang masesèng khukum | atasing sato kewan | pinardi ngèksi kara di | rina wêngi sinakolah ulah arja ||

--- 2 : 138 ---

4. wèt sêtruksi sêtatsêblad | rèhtêrlik organisasi | kabèh dadi pangajaran | aywa na dursilèng budi | kang sapa tan mraduli | bakal pinidosèng khukum | iyèku Amongpraja | ing Gêbangtinatar nagri | kang jumênêng wakilnya Nabi Suleman ||

5. swagnyana krêtartotama | mulasara kèh pranatis | mangkya karya mulyaning rat | maling mala sirna gusis | akèh tobat mring Widdhi | padha nglakokkên rahayu | têmah sira bidengahbidêngah. | pasèk tekatmu lir kapir | lah elinga ywa kongsi kadawa-dawa ||

6. sun krungu wicaranira | sarambut pinra sakêthi | nora ngira kelasèng rat | dadi wong kapir Yahudi | kèh kitab Kuran Hadis | siralap pituturipun | nanging cêgahe tanpa | sacuwil kang dèn lakoni | lah wêlasa mring uripmu dhewe Baya ||

7. dene wani-wani sira | nglakoni laku tan yukti | drêngki srèi tanpa wêlas | marang uriping sasami | suka mitênah mamrih | karusakaning tumuwuh | kang kaya raganingwang | potang karya tanggung urip | praptèng toya kocidra tyasmu dursila ||

8. wêruha gumlaring jagad | gêbyaring tranggana sasi | surya prabawane padhang | siliring maruta midit | ilining banyu kali | sagarane nora pênuh | yeka kuwasaning Dzat | kang wajibulmaujudi | kabèh 'alam ginawe dening Pangeran ||

9. sanadyan wujudmu Baya | wus pasthi ana kang kardi | bapa biyung nora bisa | jaba mung Kang Maha Sukci | kuwasa sifat 'ilmi | lah pagene sira limut | tan mèstu cêgahing Hyang | kang lantaran para nabi | sinêdhahan ngabarakên mring kawula ||

10. lah aja mangkono Baya | uculna ywa nyupêt urip | kanthi paksa rodèngkara | sira wèh dêdalan pati | saking drêngkining budi | nglantur ngumbar hawa napsu | wruha ing têmbe pêjah | anèng kherat bakal manggih | badan kadi dene nèng dunya tan beda ||

11. kang bakal tampa ganjaran | bagya ala bagya bêcik | yèn sun kèhkên jarwèng Kuran | rèh sira wus bisa ngaji | sakêcap muwus dalil | tafsir Kuran kang kowuwus | mokal yèn kalimputa | gêtun ingsun tanpa pami | dene sira darbe tekad siya-siya ||

--- 2 : 139 ---

12. mêmagan marang paekan | tan ngeman marang sasami | sun kang têtulung sangsara | sira wus arêp ngêmasi | rina wêngi mung nganti | pêdhot pêcate nyawamu | sèwu kêthi tan nyana | nêmuwa dalaning urip | kang mangkono panjalukku mung elinga ||

13. Buwaya sumambung sabda | bênêr ujarmu angrawit | sêsorah mèt kitab Kuran | Suluk Asthabrata Surti | liyane awak mami | sakabèhing ala gêtun | nanging yèn ingsun bungah | rèhning wus putus ing wèsthi | anêtêpi ing jaman angkara murka ||

14. lamun mangkonowa sira | durung wruh ubênging bumi | salin-sumalining jaman | yèn jagade nora salin | mung lakuning wong urip | sabên taun santun-santun | iku têgêsing jaman | titènana kang nastiti | yèn waskitha sirèku nuksmèng sujana ||

15. dene cubluk têmên sira | wulang kuna kogondhèli | nênuntun marang wong tuwa | wong kodanan kopayungi | wong kluwèn koingoni | iku pangrasamu bagus | olèh tikêl sadasa | wêwalêsing Maha Sukci | iya bênêr nanging jaman iki cidra ||

16. nora kêna pisan-pisan | watara wus satus warsi | awite angkara murka | tumapak sun sêngkalani | sirna wuk pandhita ji | angka sèwu pitung atus | iku têkaning jaman | angkara murka puniki | kang waspada Banthèng nganggo pancadriya ||

17. rèhning sira sasat wuta | nganggo kuping sasat tuli | cangkêmmu bae katara | glogap-glagêp tan patitis | seje kang kaya mami | Bajul kang yanjanèngwyanjanèng. kewuh | titi surtyèng pamawas | ganal gaib tan kalêmpit | cilik mula sun ulah budi sujana ||

18. o beda bangêt lan sira | pama bumi lawan langit | yèn kumpul banyu lan lênga | nadyan awor seje pikir | nglakokkên cipta mêthit | miturut jaman kang klaku | sanakku duga-duga | sadulurku tapsir ati | dene rowangingsun mung panyakrabawa ||

19. nora sukak karya mulya | mung mitênah sun karêmi | nasarake wong kang picak | mblithuk wong kang tanpa budi | lamun sidêkah mami | wèwèh marang wong kang cukup | nggendhong wong nunggang kreta | mayungi wong nunggang joli | atêtulung marang wong kang lagi bêgja ||

--- 2 : 140 ---

20. marma sira sun piala | rèh mring sun wus gawe bêcik | tumulung koripaningwang | sun pundhut patinira wit | sun nurut jaman mangkin | angkara murka kang klaku | ingsun lakoni gampang | lakune jaman saiki | sugih miskin gêdhe cilik nora beda ||

21. sun jèrènge tampanana | nrimaa ingsun patèni | ywa budi kakèhan polah | wus anèng kene yun urip | tegakna bae bêcik | gêtunku dene bojomu | nganggo sira kon mêntas | pancène barênga mati | loro pisan nadyan sèwu ingsun kurang ||

22. aja kang rupa mêmangsan | bisa dadi gêtih daging | nadyan wastra ingsun kurang | tan bisa cukup tyas mami | êndhasku dadi sikil | jêr akèh têmên karêpku | nanging kodrating Pangran | kang murbèng jagad sakalir | nitahake jaman iki kudu kurang ||

23. sun wus nglaya midêr ing rat | njajah praja ngêndi-êndi | wong kang sugih saya ngrêda | kang mlarat saya nyêthithis | wus dhuwur dèn urugi | kang lêdhok tansah dhinudhuk | kang akèh tambah kathah | yèn cilik saya sathithik | lah rasakna Banthèng sajar sun ing sira ||

24. sabên wong kang nyithak bata | omahe gêdhèk ting pringis | tukang gêndhèng omah rajag | tukang kayu lawange pring | pandhe tan duwe lading | maranggi rangkane njlêbut | kadhang anganggo randhan | mangkono jaman saiki | wong kêmasan arang duwe timang jlebrah ||

25. sayang tanpa kêndhil dandang | gêmblak nora andarbèni | bokor paidon lan bintang | lungaa mring desa Gamping | kabèh omah tabag pring | arang ingkang tembok batu | sêrasah bae tanpa | lan mênyanga omah kundhi | èstu nora darbe jêmbangan pot kêmbang ||

26. gêndhing tan darbepdarbe. gamêlan | apa manèh tukang burdir | tan darbe èpèk burdiran | tukang cèt utawa sungging | tan ingêcèt kang panti | tan pinulas omahipun | sêdene tukang lapak | nora ngingu jaran pasthi | nunggang bae sajêge durung karuhan ||

27. iku kagawa ing jaman | angkara murka saiki | kabèh ingkang ngasta praja | myang karti desa tan slisir | wong tani nandur

--- 2 : 141 ---

pari | tibane cina kang numpuk | nandur têbu lan sata | tuwan pabrik kang ndarbèni | dene lamun udud kudu tuku sata ||

28. wong kang sugih luru arta | wong mlarat mbuwangi dhuwit | ndêlênga sêpur Ngayogya | saurute luru dhuwit | kaping lima saari | kang mlarat dhuwite nglumpuk | sun wus nitèni sira | kêrêp nunggang kreta api | akèh bae Banthèng sajaringsun iya ||

29. dadia panrimanira | ulur punukmu sun bêstik | idhêp-idhêp sira sidkah | pasthi tinarimèng Widdhi | mêmule angaturi | angsung dhahar gusti rasul | iba bungahe para | kaum sajêroning kali | nadyan cekoh regoha enggal têkanya ||

30. lan manèh sira wêruha | sabên wong kang sugih jarik | tapihe lurik kewala | ndêloka pasar lor loji | Cina adol sêmbagi | sugih-sugih maksih luru | atine majèh kurang | artane durung nyukupi | wong kathokan sugih jarik bêbênetan ||

31. nuli nuruta pacinan | akèh jarik pating slampir | myang ginulung tinalenan | nganggo dèn slêmpiti kitir | mbuh karêpe sun tan wrin | mangidul sathithik wêruh | kêris baris rong gantar | jinèjèr lir wayang klithik | sun kumisi Cinane nora kêrisan ||

32. pêthèl wadung arit tatah | dandang cèrèt sarta kêndhil | bokor paidon lan bintang | kabèh dèn tèmplèki kitir | sun kagèt dupi mèksi | nora kaya sira cubluk | aran kurang wêweka | nganggo budi tanpa kardi | wruh klakuaning urip tanpa rinêmbag ||

33. prandene sirèku bisa | ngêlèh-êlèhakên mami | gandhulanmu wulang apa | kitab Kuran tanpa kardi | tan wruh sira pribadi | kang bodho êmbahing busuk | ngantêpi wulang kuna | sira rèhne potang bêcik | kaya paran dene sun sauri ala ||

34. tagihên Banthèng kang karya | piwulang nglakoni bêcik | sun pasthèkkên datan bisa | dluwang mangsi mitulungi | sun bae bisa ngathik | ukara sinawung kidung | kang dakik lêmbat-lêmbat | ngungkuli lan layang Surti | gampang bae Banthèng wong gawe piwulang ||

35. têmbung apa aku bisa | kawi apa ingsun bangkit | nanging wêdi bokmanawa | dèn gêguyu jaman mangkin | angkara murkèng budi | wulang

--- 2 : 142 ---

kang angèl tan tinut | wruha Andaka sira | layang tinggalne kaki |Kurang satu suku kata: layang tinggalane kaki. pirang-pirang wus sun buwangi sadaya ||

36. kitab Kuran primbon derah | rajah-rajah myang sêmail | Têkawardi Asthabrata | sun obongi sarèhning wis | sun timbang tanpa kardi | sulaya kanyatanipun | saha akèh kang dora | nanging Banthèng sira wani | angantêpi piwulang ing jaman kuna ||

37. mangke sira kasangsara | wus pasthi tumêkèng pati | puluh-puluh Banthèng sira | wong bodho ambêkmu wasis | ahli nindakkên bêcik | ekhlas lêga rilèng laku | khas kuwat santa budya | yèn tumibèng jaman iki | kang mangkono iku lakuning wong ala ||

38. seje karo jaman kuna | ri kalane durung salin | ing jaman angkara murka | akèh 'ilmu tanpa kardi | sabab kakèhan pamrih | wit kagawa jamanipun | kabèh wong kudu kurang | kabèh wong karêpe sugih | durga ngangsa-angsa akèh palacidra ||

39. para sayid Surabaya | Semarang tuwin Batawi | kang putus 'ilmu agama | 'Arab mratani sabumi | nora sêpi ing pamrih | mawa karenah nyênyêdul | saking kuwating jaman | marma Banthèng ywa saksêrik | wicaraku nguni kadi badumadu. brangta ||

40. sira sun saguhi barang | pèni-pèni rajapèni | supaya sira gêlêma | ngluwari cintraka mami | yèn sira tanpa pamrih | yakti tan arsa têtulung | kalakon nggendhong ingwang | saking gunung têkèng ngriki | iya iku wus kagawa murkaning tyas ||

40. DhandhanggulaTeks asli: Mêmanising.

1. mêmanising jaman murka luwih | wong têtulung potang kabêcikan | dadi sulaya adate | crah nora sapa aruh | wong kang nistha papa mlas-asih | kinukup binêcikan | yèn wis sugih tamtu | anggêp kadhang nyidrasmara | tuwin umbag umuk mandhak ngisin-isin | kang klaku sapunika ||

2. ana ingkang tinulung ing singgih | ngabdi awit punakawan ala | lawas-lawas olèh gawe | ngalani mring kang tulung | ngadu-adu angathik-athik | muwuhi basa ala | murih awakipun | enggal nuli ginêntèkna | mring kang tulung tanggung lumêbune nguni | yèku angkara murka ||

--- 2 : 143 ---

3. akèh ingkang drêngki budi drèisrèi. | tumbak-tinumbak gugat-ginugat | wadul-winadul lakune | Andaka wruhanamu | ngrekadaya dayaning kidip | wong utang kudu cidra | yèn barès tan antuk | wèwèh marang pra bandara | para gusti apêse marang wong sugih | kang mlarat tanpa karya ||

4. wus bênêre sira angsung daging | marang sarupaning buron toya | yèn ingsun mulat jamane | kang mangka sira kukuh | maksih molah durung lêstari | tambah duraka sira | dunya akhiripun | nampani siksaning Suksma | rèhning sira mungkir mring jaman saiki | kang wus têrang karsèng Hyang ||

5. ingkang mangka ciptamu kuwalik | ingsun ingkang siranggêp duraka | jare tanpa siksa gêdhe | yeka cipta kêpaung | tandha maksih cingkrang ing budi | ingkang wis wicaksana | jarwaku kotêmu | lêbokna kulunging nala | saksènana lakuning kewan puniki | mamathuk apa ta ora ||Lebih satu suku kata: mathuk apa ta ora.

6. sadulurmu tunggal bapa bibi | mèh tan ana bedane lan liya | barang karya kalis bae | liya dadi sadulur | yèn sadulur satruning ati | sanadyan dudu sanak | yèn sababag mathuk | utawa padha sugihnya | wus mangkono Andaka kridhaning bumi | wrata sajagad 'alam ||

7. yèn wong sugih têpung padha sugih | yèn wong mlarat têpung padha mlarat | gêdhe têpung padha gêdhe | dene yèn mlarat wanuh | lan wong sugih bakal muwuhi | wong cilik sêsanakan | lan priyayi agung | tan wurung bakal dinuta | rèh kagawa lakune ing jaman iki | pikirên kang têtela ||

8. titènana wong padha nglakoni | apa nyata Banthèng apa ora | pangucapsun iki kabèh | solan-salining waktu | kang waskitha wêruh pribadi | pira-pira lêpiya | adat kang kalaku | doracara ngrekadaya | kang wus kaprah apus bujuk laku sandi | gêdhe cilik tan beda ||

9. para prentah ingkang ngasta adil | kèh kang mlangkah saking wêwênangnya | awit kagawa jamane | marma wong nêmu ngudur | prakarane mênang kang sugih | kang mlarat èstu kalah | kang bodho

--- 2 : 144 ---

kabujuk | yèn kang pintêr sinêngitan | ingkang rilan saya pothar-pathir mblêndhis | akèh kang tibèng papa ||

10. kang blaba bèrbudi têmah miskin | kang ngandêl mring Allah tèk-êntèkan | dadi pothar-pathir prèthèl | wong têmên tanpa untung | kudu goroh kang sugih bathi | sabarang karya kêdah | nganggo goroh bujuk | kang blaka akèh cilaka | laku goroh akèh kang nêmu basuki | saking kuwating jaman ||

11. mlarat kurang sugih kurang ugi | dhuwit kurang mas sêsotya kurang | barang-barang kurang akèh | marma kang sugih wuwuh | kang malarat sangsaya nyranthil | kêrêp tumibèng lara | mangkono wus tamtu | lakune jaman angkara | murkèng budi kurang bae kang kinapti | marma akèh durjana ||

12. grêsah kabèh sarupaning kuli | tani bêkêl ing desa samoha | undhaking bau sukune | pajêge sabên taun | wus kapasthi pindho aswarsisawarsi. | tan ajêg kathahira | mundhak sabên taun | bumi pamêtune suda | sawah cêngkar sirna barkahirèng bumi | sabên mêlèk dèn gêbal ||

13. wong cilik tan bisa gawe dhuwit | parandene pinundhutan arta | sarta sabau sukune | yèn luput antuk rêngu | kadhang dhêndha kang rupa dhuwit | iku sira wêruha | jaman kang kalaku | dalil syara' kitab Kuran | tanpa gawe pêpacuhe tan pinikir | saking kuwating jaman ||

14. kitab ingsun marma sun buwangi | primbon derah 'ilmu wêwijangan | wus ingsun buwangi kabèh | seje kaya sirèku | pintêr mêntah nalare ngruwil | kadayanta tan ana | suwung sasat bumbung | nggandhuli carita Budha | jaman iki akèh murid dadi kyai | nora sêpi pangarah ||

15. wus pinasthi karsaning Hyang Widhi | bêgjaningsun tan kêna kinira | mundhuk-mundhuk têka dhewe | wong ngantuk nêmu kêthuk | miling-miling anêmu daging | kloyongan nêmu tangkar | mlaku nêmu ulur | Banthèng lêmu kaya sira | rasakêna ganjaranku kotampani | iku kamulyanira ||

--- 2 : 145 ---

16. rèhning sira ngandêl crita tulis | surti Wulangrèh layang Sewaka | kitab Kuran sasamine | ing mêngko dèn gêguyu | mring sarjana jêroning warih | baya mina wiyangga | kang wis nirdyèng kewuh | putus pamawasing lampah | ubênging rat lakuning buwana titi | têrang kridhaning dunya ||

17. yèn jagade Banthèng nora salin | awit kuna mula têkèng mangkya | mung siji iki wujude | lakuning surya tèngsu | lintang angin lan jalanidhi | sadaya barang lama | dene ingkang santun | budi klakuaning kewan | salin-salin iku jaman ingkang arti | aywa klèru panampa ||

18. kadarmanta ilang ywa saksêrik | awit ingsun iki manut jaman | kang kanggo saiki Banthèng | puluh-puluh sapuluh | ubênging rat jagad mratani | gêdhe cilik tan beda | padha pamrihipun | tuna liwat syara' kitab | tanpa daya pêpacake tan pinikir | bab kalah karo jaman ||

19. wruh murkane tyasira pribadi | sira kapengin sakti prawira | digdaya têguh timbule | melik ujar sun palsu | rèhne cingkrang nalar sacuwil | kapengin timang jlêbrah | gêlang tuwin kalung | kalpika pasèt barliyan | hèrloji mas dhuwit ukon gelo ringgit | pangrasamu têmênan ||

20. wus ingetung-etung jroning ati | sira dhêmên marang kasugihan | lakumu katara Banthèng | yèn sun timbang awakmu | lanang wadon datan kuwawi | ngungkil watang sêmana | prandene kajunjung | saking tyasira angkara | têmah luwar sun njaluk gendhong ing gigir | marga pamrihmu kathah ||

21. melik nunggang kreta dèn urmati | saka tunane tyasmu priyangga | duga kira nora duwe | yèn kang wus nuksmèng putus | barang karsa pinikir dhisik | kadadiyaning cipta | pupur durung bênjut | têgêse duhaduga. watara | nadyan sira tampaa wijangan 'ilmi | yèn pikirmu waspada ||

22. ala bêcik kidip saha yakin | têtela trang nyataning wasita | wruh ing duga watarane | yèku kang bisa tanggung | angadhangi

--- 2 : 146 ---

pakewuh prapti | pira kuwating badan | anadhahi pênthung | yèn sira nganggo punika | tumbak kêris pêdhang pistul bêdhil kalis | lunga doh tan tumama ||

23. sira nguni apa tan mraduli | ngupa wicaksananing ngagêsang | ciptanta mung rosa bae | yèn kang sujanèng kewuh | nora mikir rosaning jisim | kang dèn asah mung nalar | budya yu kang cukup | rèhning wus kabacut sira | bokmanawa mêngko mati besuk urip | nitis manèh mring dunya ||

24. muga nglakokêna budi pikir | angên-angên minangka Pangeran | kang rumêksa marang kowe | duga watara kudu | tindakêna Banthèng ywa lali | yèn kalalèn ciptanta | saèstu kalurung | kadhung tumibèng sangsara | têmah mati lir lakunira saiki | ingsun ênggo sèmèkan ||

25. wus lumrahe bodho tanpa budi | dadi pangane kang wicaksana | yèki sariranta Banthèng | wruh blilu lir sirèku | lagi katon bae wus kenging | dadya mêmangsanira | ujêr nora wêruh | sun ubêng-ubêng ing nalar | lah mêngkono lakuning jaman saiki | angkara-kara murka ||

Kabijaksanane Sang Kancil Amongpraja

26. ya ta wau Ahmad Salèh èstri | wêruh têrang saking tawing padhas | kang priya êntèk krosane | dènira rêbut unggul | anèng Bagawanta lan Srênggi | nulyèmut tata praja | mrih arjaning kewuh | mring nagri Gêbangtinatar | atur priksa sigra-sigra enggal prapti | cumundhuk ngarsèng prentah ||

27. Banthèng èstri tawan-tawan tangis | pêgat-pêgat matur tan pratela | kagyat kang sumewa kabèh | dangu-danguning atur | têrang lamun lakinirèki | kênèng daya pitênah | pratikêling Bajul | ing Kali Lèrèng nggonira | purwa madya wasana ature titi | watak pulisi tama ||

28. mirêng wontên sukêrtining bumi | doracara angrusak silarja | nulya dandan mirantyage | saprabotirèng laku | jaksa èlid tuwin pulisi | upas saha jinêman | lampahe gumrudug | Warak Macan Gogor

--- 2 : 147 ---

Rangas | Kêthèk Lutung Wauwa Rangutan ngiring | kang kèri sawatara ||

29. Banthèng èstri ingkang atur margi | lumaku nèng ngarsa wingkingira | dyan bèi sapunggawane | mangulon paranipun | nurut tirahirèng jaladri | têkèng sawangan Opak | maksih ngulon têrus | datan kawarna ing marga | wusnya prapta alas Glahèng dyan ngabèi | anjog tawinging gangga ||

41. Durma

1. durmanira Radèn Bèi Amongpraja | sapunggawane sami | ngèksi têmpurira | Lèrèng lan Bagawanta | nèng tawing padhas dyan bèi | kang pinggir wetan | kocapa Banthèng Srênggi ||

2. ingkang samya angadu kanang karosan | anèng têngahing kali | ombak lembak-lembak | toya kadi ingubak | wus prasasat dadya gêtih | rèh daging pêcah | mangka kakum ing warih ||

3. marma dêrês wijiling rah anèng toya | Baya maksih nèng gigir | cangkêm ngêmah-êmah | punukirèng Andaka | Banthèng amung pringas-pringis | Bajul agahan | dènnya angingsêp gêtih ||

4. Dyan Ngabèi Amongpraja têrang mulat | saking tawinging kali | dahat wêlasing tyas | Banthèng uga wus wikan | yèn ana pulisi prapti | saha sumapta | sadarpa srêp ing ati ||

5. lir siniram ing tirta marta sadunya | sanadyan têkèng pati | nanging wus koningan | dening kanjêng parentah | Banthèng wus nora gumingsir | rilekhlas pasrah | patine dèn saksèni ||

6. dyan ngabèi ngandika marang Buaya | hèh Bajul paran kardi | sira lagi apa | ana samadyèng tirta | sun sidhêp wus suwe Srênggi | apa tukaran | patrap tingkahe sami ||

7. nambung sabda Baya marang Amongpraja | wruhanmu ingsun Kancil | iki sun kajibah | nglakoni takdiring Hyang | ngukuhi pêpêsthèn yakin | lakuning jaman | angkara murka mangkin ||

8. wus wajibe tumitah anut ing kodrat | karsaning dzat kang suci | purwane sun warta | Kancil prastawakêna | ing purwa madya mêkasi | tan suda wêwah | tinuturkên ing Kancil ||

9. Dyan Ngabèi Amongpraja sabdanira | yèn mangkono ingkang wit | Baya bênêr sira | iku tan murang tata | wus lumrahe ing ngaurip | ngukuhi jaman | awit padha nglakoni ||

--- 2 : 148 ---

10. ubênging rat kainan kang nora wikan | èstu yèn nêmu pati | salahe priyangga | uripe luwih tuna | lakuning jaman tan uning | prayoganira | Banthèng ro jalu èstri ||

11. kayaparan dene ta amung satunggal | pancène priya èstri | Baya sabdanira | maune loro pisan | nanging siji nuli bali | marma mung juga | pupute nrima siji ||

12. Amongpraja mangsuli sakarêpira | wus êsah mirit saking | ubênging buwana | sarupane kang ina | tan wêruh dugi prayogi | nanging cacadnya | sathithik kurang titi ||

13. wruhanamu Baya ingsun arsa priksa | panggonanirèng nguni | wit-witing prakara | alas ngêndi namanya | kayu apa kang nindhihi | gêdhe dawanya | sapira kudu titi ||

14. tinêrangkên kamot anèng pursèsprêbal | rêsikirèng kumisi | iku kudu ngekar | ngukur nggoning sagotrah | tinimbang lakuning adil | satiti têrang | slêsih waskithèng wèsthi ||

15. hèh wruhanta Baya sun ingkang kajibah | nata ruwêding bumi | dhawuhing Suleman | atas ukuming kewan | wus ginadhuhkên mring mami | iki kalpika | lètêr We mangka buslid ||

16. dadi tandha kuwasa masesèng tata | iku kagunan mami | ruwêd bundhêl wudhar | kang rawe-rawe rantas | malang-malang sirna gusis | dening prabawa | ning singsim ingsun iki ||

17. Kangjêng Kyai Malukatgaib arannya | lètêr We intên adi | gosoke barliyan | lah ênya tamatêna | dupi Srênggi têrang ngèksi | sêsotya rêtna | tumêjangkara wêning ||

18. lir cancala prabane ngawêngi wiyat | mangkana tyasing Srênggi | ho o Kancil nyata | duta mutus prakara | ruwêd rêntênging kumêlip | ingsun prayoga | nurut kewala mangkin ||

19. nora luwih mung ngukuhi ubênging rat | lakune jaman iki | kang kanggo ing kathah | gya Baya ris manabda | mring Banthèng kang dèn kakahi | Mad Salèh enggal | minggira sun lawani ||

20. wruhanira prakara arsa kapriksa | mring kang wus antuk buslid | ngetanna kewala | ngèncèng-èncèng mrih cêdhak | Banthèng asrêp ing tyas minggir | tur winêlahan | dening Ki Kalasrênggi ||

--- 2 : 149 ---

21. dyan ngabèi majêng sadaya tut wuntat | wus nèng têpining kali | gisik wêdhi rata | Banthèng wau kang lampah | wus jajag suku tan jinjit | anulya mêntas | Baya maksih nèng gigir ||

22. sawusnya nèng dharatan Banthèng sarosa | mahyakakên kasêktin | njola kirig mêngkal | Bajul wal tibèng kisma | glangsaran akêmpis-kêmpis | Dyan Amongpraja | duka yayah sinipi ||

23. marang Banthèng mangkana panabdanira | bêcik têmên sirèki | nganggo murang tata | kumawani mring prentah | yèn mangkono tanpa kardi | jênêngsun têka | kumisi nggawa adil ||

24. durung ana bêbênêraning parentah | gêdhag-gêdhig gumaib | nêdya pancakara | angadu kasudiran | duk nèng banyu tan ngundhili | ananing dharat | saking pangwasa mami ||

25. durung mêsthi yèn prakaramu mênang |Kurang satu suku kata: durung mêsthi yèn prakaramu kang mênang. Banthèng tyasnya wus eling | caksananing prentah | mradata pira-pira | kang wus putus pramèng adil | Banthèng saksana | ngrêpa manguswèng siti ||

26. dahat ajrih sèwu gêtunirèng nala | sinrêng ing sabda wêngis | mring Dyan Amongpraja | Andaka aturira | adhuh kawula dyan bèi | nyuwun aksama | patrap ingkang tan yukti ||

27. wuwusira Radèn Ngabèi Mongpraja | dhumatêng Kalasrênggi | Baya sira aja | sandeya ing tyasira | khukuming Hyang Maha Sukci | kang karya jaman | ubênging jagad iki ||

28. wus mangkono tumandukirèng kagunan | nulya radèn ngabèi | dhawuh kinèn mriksa | Anjani lan Pragosa | trangginas nyandhak pèn sami | tumuli mriksa | Andaka jalêr èstri ||

29. kadi adat pamriksane para gugat | ingatur kadya kang wis | laku manut adat | dhasar carik sampeka | ukara tumraping tulis | purwa madyannya | têkèng wusana titi ||

30. nulya Baya pinriksa ature blaka | cocog lan dakwa saksi | wusing têtela trang | Amongpraja sabdanya | mring Banthèng prakara iki | sira kang kalah | nanging prayoga mami ||

31. baya iku gendhongên manèh atêrna | mring panggonane nguni | priye traping watang | sun priksanane mangkya | sun ukur sun karya titi | ana ing kana | sandika kang sinung ling ||

--- 2 : 150 ---

32. baya nuli trangginas ngamplok saksana | gigiring Banthèng nuli | lir duk anèng toya | wusing samapta sigra | bidhalan tan ana kèri | mring ardi jêram | banthèng lumaku ngarsi ||

33. dyan ngabèi nèng wuri saprabotira | sarayuda myang kori | sêlur ngampak-ampak | datan dangu samana | prapta panggonane nguni | punang prabatang | jati kang anindhihi ||

34. Amongpraja ngandika Banthèng sèlèhna | panggonane Si Srênggi | priye traping watang | jati ingkang tumumpang | gigiring Baya puniki | nêdya sun tata | putusaning prakawis ||

35. wus dilalah Baya miturut kewala | saparentahing Kancil | tan lêngganèng nala | Baya sumèlèh kisma | malêbu jugangan nuli | Banthèng karweka | jalu èstri mangungkil ||

36. kayu jati kangkat nindhihi sakala | kadya ing nguni-uni | Amongpraja nabda | hèh Baya apa nyata | mangkono êtrape nguni | bajul tumanggap | iya mangkene iki ||

37. rasanira tan beda lan duk samana | sigra Mongpraja Kancil | akarya prampungan | lir adat kang wus klampah | prakara Banthèng lan Srênggi | rampung pur-puran | lara wus nyaur sakit ||

38. rèhning gawe lara winalês ing lara | bali kadya puniki | Banthèng anarima | suka sukur ing nala | sangsaya wêdi trêsna sih | Banthèng sadaya | mring Amongpraja Kancil ||

Pituture Sang Kancil Amongpraja marang Baya Kalasrênggi

39. dyan ngabèi pasrangkara marang Baya | Bajul prayoga mami | munajada sira | nyuwuna pangaksama | rèh jaman murkaning bumi | dahat tan kêna | têtulung samèng urip ||

40. mirit saka Baya budimu priyangga | sandhangên traping adil | tan mamèt Nawala | pradata Anggêr Jawa | miwah wèt Nèdêrlan sêpi | pamancasira | parentah amung mirib ||

41. wêwatone lakuning jaman samangkya | budinira pribadi | wus tan kêna kijat | ngungkiri ciptèng nala | atimu gandhulan juti | ati damarda | mardu kongas mratani ||

--- 2 : 151 ---

42. Asmaradana

1. kasmaran tyasira Srênggi | rumasa kênèng paeka | kalah lêpas pangawruhe | keloning nala kagiwang | kêna ing palacidra | ingapus kramaning bujuk | katêmpuh samliyun papa ||

2. sakêthi Baya tan nganggit | mangkono tibaning tata | patut rukun bali manèh | katindhihan ing prabatang | sumaput netya ilang | otot bayu lir rinacut | wus sirna dayaning gêsang ||

3. wit saking rumaksèng ati | mring daging kang sifat anyar | wus mangkono salamine | janma kewan nora beda | budi kang tama murka | tinarik ati kalurung | murang ayuning buwana ||

4. têmahan nêmpuh ing jisim | nampani lara kapenak | marma Baya drês waspane | kujoning nala dhat-dhatan | bingung linglung sumêlang | mêlang-mêlang nyipta lampus | netrane yayah panjuta ||

5. molak-malik angrêrintih | nuli ngantêp nduwa watang | tan obah lir nguni bae | gedhag-gèdhèg mêndhak-mêndhak | noraga pasrangkara | dhuh dyan ngabèi ratuku | nyuwun pangaksama marta ||

6. nyuwun kawêlasan urip | tobat kawula katura | ing dintên wingking slamine | amba lumaksanèng prentah | yun nyirnakkên tyas murka | mêkathik sarèh pituduh | ngratu mring gusti paduka ||

7. ujêrugêr. kula sinung urip | mèstu sakarsa paduka | ngluhurkên wicaksanane | sana sênêning kamulyan | kawiryan dining kanang | adhuh gustiku tuwanku | nyuwun gêsang nyuwun gêsang ||

8. radèn ngabèi mangsuli | dhumatêng sabdèng buaya | hèh Bajul aja mangkono | luput sira njaluk gêsang | uripku mung satunggal | sun nggo pribadi tan cukup | awèh manèh yèn bisaa ||

9. têtulung bae tan bangkit | marang kasangsaranira | ingsun dhewe susah gêdhe | nalar kang durung tumêka | sun jaga dalu siyang | sarjanèng tyas tamèng kewuh | rumaksa kang durung prapta ||

10. tan ngamungkên wêkas mami | Baya ingkang kaya sira | bêcik narimaa bae | têmpuhna mring pikirira | kang miwiti murkarda | aywa sira njaluk tulung | sapêpadha tan prayoga ||

11. sapa kang wani nulungi | jamane atimu murka | angên-angên panarike | hèh ta Bajul rasakêna | tumêmpuh badanira | saka ciptaning pikirmu | rêrêgêd murang raharja ||

--- 2 : 152 ---

12. rêgêding badan mratani | sakojor kêna kinumbah | adus sabun kramas êntèk | yèn budi rêgêd tan kêna | sinucèn mawa toya | pangumbahing ati dudu | saka kawruh kang sampurna ||

13. kawruh ingkang sampurna di | tan bisa nuci budyala | kajaba badane dhewe | yèn wus katêmpuh sangsara | kang kadya sariranta | watang tumumpang gigirmu | darbe gêtun ati ala ||

14. ewuh wong tumitah urip | gampang anggayuh kasidan | mungguh ing ngurip mangkene | waspadakna kang sanyata | mêthèk pikir pribadya | gampang wong manyakra rêmbug | mêca atine ing liya ||

15. yèn sira bisa ngawruhi | pikirmu dhewe prasasat | wruh ubênging jagad kabèh | atining liya narawang | lir kèkêr tanah Prasman | yèn pikire dhewe ewuh | sapa kang bisa waspada ||

16. basane mrangkani kudhi | nyuwita para bêndara | para gusti tuwin katong | gampang kêna sinakolah | tata trapsilèng nata | wong ngawula atinipun | pribadi arang kang bisa ||

17. guru ratuning ngaurip | angên-angênmu priyangga | prasasat dadi Hyang Manon | kuwasa tanpa karana | nanging yèn pikir salah | panggawene ati pitu | sanubari beda-beda ||

18. prayoga kang bisa nganggit | nitèni sadina-dina | ala bêcike waspaos | pinilih ywa lumaksana | nasar salahing cipta | sajatine ati pitu | nora ana mung sajuga ||

19. lêbonana tyas sasami | dadi tunggal budi rosa | santosa lair batine | ati kandêl nyirnakkên was | sumêlang sirna ilang | nênarik badan sawastu | panggahing netya sarasa ||

20. rasane tumêmpuh wani | jirih kêndêl saka manah | rikuh isin wit atine | yèn wus sampat tunggal cipta | adining tamaloka | wong liya dadi sadulur | sukur kang tunggal pinangka ||

21. yèn wus bisa manjing ati | atining wong kang kalingan | sasat nêlukake kowe | wong kapir pitung bedahab | Islame saking sira | gêdhe gêganjaranipun | madhangi pêtênging liya ||

22. luwih manèh sira Srênggi | bisa lumêbu ing jaman | angkara murka kang kanggo | budi beda rupa-rupa | racutên manjing jiwa | nora ewuh ing panggayuh | yayah yun trang putêring rat ||

--- 2 : 153 ---

23. wong bèrbudi nora bêcik | wong gêmi nora prayoga | sayogya budi waspaos | lumêbu atining liya | têtêp nuksma-manuksma | têgêse lêbu-linêbu | iku dayaning sasmita ||

24. kawruh kang sakêthi ngrawit | ruwêd ingkang durung tampa | sabab salah panampane | kang bêcik winalês ala | ala winalês tama | ywa sira mangkono Bajul | bênêr ujarmu samana ||

25. jamane akèh kang lali | kabêcikan tiba ala | kang mbalang kêmbang walêse | rêrêgêd ati drubiksa | iku atimu Baya | nganggo jaman kang kalaku | adating pikir manusa ||

26. sato kewan tan salisir | wiyangga jroning samudra | mangkya padha klakuane | yèn mangkono budi rucah | cacad nora kacacah | prayogane wong kang putus | jaman murka linakonan ||

27. jaman ayu dèn singkiri | nanging kang wus tyas wêweka | ala bêcike dèn anggo | iku budining sujana | ewuh wong ahli rasa | gampang wong cêguk truwilun | datan darbe kara-kara ||

28. karana cupêting budi | ingundang sumaur têka | kinongkon mênyang kanggone | marmane kancamu Baya | arang kang tampa siksa | seje kang kadi awakmu | pintêr mentah tibèng dhêndha ||

29. sababe kurang pamikir | kira-kirane tan ana | wong bodho pintêr ngakune | durakane wendran yutan | maksih nganggo etungan | mungguh nyatane atimu | durakane sabên dina ||

30. rumakêt ing budi ati | ilange sêdhih yèn nendra | garegah tangi njênggèlèk | ewon durakane têka | ngêpah ngisêp ing raga | nganti atus tan rinêmbug | saking wus manuh rubeda ||

31. dadi sudaranta tunggil | wus nora bênggang sakeswa | maksih ana antarane | jatine tunggal pulêtan | warahing dalil Kuran | wa ammakupripinnaru | iku wong kang kaya sira ||

32. baya matur sarwi nangis | bilih makatên kawula | kapêjahana kemawon | kawula sumangga rila | sampun mêmanjang dosa | datan sagêd amba mikul | sangsara kados punika ||

33. èstu lamun têkèng pati | sintên purun têtulunga | bab sampun kaêlun awon | lêpiya klakuan amba | nuruti budi murka | dyan ngabèi nambung wuwus | Buaya njaluk pralaya ||

--- 2 : 154 ---

34. sun tan bisa gawe pati | nora bisa gawe gêsang | srahna kewala mring Manon | yèn mung karya marga bisa | Sarpa kang mawa wisa | sun undange mêngko Bajul | sakêdhap nyakot ing sira ||

35. satêngah jam bae mati | dyan bèi nimbali sigra | mring Ula Wêlang praptage | mèlèt-mèlèt ilatira | kumucur mawa wisa | dyan ngabèi dhawuhipun | hèh Baya kalamun nyata ||

43. Sinom

1. trunaning Ula wiraya | ing kene akèh kang mandi | pêpak Ula apa ana | saha kèh kang nguningani | naksèni lamun yakti | tega rila mring patimu | lah ta mara tutugna | baya panjalukmu mati | iya iki 'Ijrail kang ngejawantah ||

2. pasthèkna patimu Baya | yèku Malakulmaoti | sajatine nora ana | jaba napasmu pribadi | pêcate saking jisim | Ula Wêlang sifatipun | nêmpuh ing badan wadhag | nora wurung angin mênis | sirna ilang jisimmu kari gumilang ||

3. datan wurung dadi lêmah | bali mring asale nguni | wadi madi mani sira | manikêm dalan kang suci | bumi gêni lan angin | banyu kadadianamu | bali mulih ing kuna | mara tampanana iki | Ula mandi dutaning Hyang Maha Mulya ||

4. buaya mamèt krêpana | adhuh-adhuh dyan ngabèi | punapa ta datan wêlas | dhatêng uriping sasami | yèn amba praptèng pati | kadospundi semah sunu | amba maksih taruna | sagêd nurunakên wiji | Bajul mangka isèn-isènirèng toya ||

5. dyan bèi mèsêm ngandika | bênêr Baya kèhing urip | lamun kataman rubeda | angajab têkaning pati | lamun dèn têmênani | owêl kauripanipun | paribasane ana | wong wirang kalawan mati | luwung urip nadyan mblubut balebedan ||

6. lah iku Baya rasakna | pikirmu sadhela salin | aywa nggayuh bab pralaya | nganti kawêtu ing lathi | yèn ana wong murtyadi | kawêlèh-wêlèh wuwusmu | gêdhe cilik tan beda | yèn wirang durung nêkani | tuhu tega patine pasthi nglêngkara ||

7. yèn wus katêmpuh ing wirang | arang kang wani nêtêpi | dadi mracihnani Baya | wuwusmu durung patitis | angarêp-arêp pati |

--- 2 : 155 ---

barêng tinêkanan mundur | marma Hyang Suksmantaya | mundhut pati tanpa nari | apa nyata apa ora wangsulana ||

8. wulangsun mangkono Baya | nora mung sira kang tampi | kabèh kewan kang miyarsa | pasthi lamun mikir-mikir | marang wirayat mami | supaya atine wêruh | nggêgulang sasmitarja | rèh jro budi ana Surti | ingkang bisa maca muhung wong swarjana ||

9. yèn dudu janma utama | nora bisa maca Surti | mêcani atining liya | goroh yêktine nêtêsi | yèn sulaya lan ati | wuruk sirna tan ginugu | nginggihana cangkêmnya | ing batin tan pisan mikir | awit saka sulaya pancêring netya ||

10. yèn wus cocog lawan karsa | tumanêm ing sanubari | rèhning ati wus kaduga | mbuka karna netra ngèksi | tinangkêp angundhuhi | èstu ing kalbu karungu | ujare crita 'Arab | kutubun samawiyati | pardikane tulisan bangsa mandrawa ||

11. iku pikiring manusa | kang wus bisa maca Surti | cèplês lan Surtining liya | marma Baya kang nastiti | nitèni jroning ati | ala bêcike kudu wruh | ujar lafaling kitab | tarjumatanpikalbihi | badanira kabèh dadi jurubasa ||

12. iyèku têgêsing lafal | solah-bawa muna-muni | manut krêdyating tyas prentah | pasthi badan kang nglakoni | ala bêcik kang uning | aywa nurut barang tuduh | jurubasa kang nangga | katêmpuh murkaning budi | wus mangkono wong ngawula kauripan ||

13. urip kang durung waskitha | jurubasa kang nglakoni | sabarang pakoning nala | tan nganggo pinikir dhisik | lir atimu ingkang wis | Banthèng tumulung ing bagus | ngluwari saking watang | sira ginendhong lumaris | praptèng banyu sira cidra rèh dursila ||

14. gêlême Banthèng kagawa | dajal panariking pikir | melik ujar ingkang mokal | luput têmah mèh ngêmasi | Buaya sira bali | mring jugangan pangrasamu | sida mangsa mêmangsan | tan wêruh murkaning ati | têmahane loro pisan rasakêna ||

15. karo pisan padha salah | lalu luluh nurut pikir | murka jamakirèng nala | kang tanpa dugi prayogi | yakti nêmu bilai | Baya

--- 2 : 156 ---

iku traping khukum | ujarmu nora ana | wong ala nêmu bilai | yèn wong bicil tan ana nêmu raharja ||

16. bênêr ujarira Baya | nanging kudu kanthi pikir | kiraning wong murti tama | pramana solah pangèksi | mlêtik lungiding ati | ngungkuli tikswaning punglu | tikêl sapuluh yuta | maksih landhêp tyas lastari | kadayaning wardaya ngêrobi raga ||

17. prasasat wus bètèng waja | kang rinaksa wong sabumi | bangkit punjul ing apapak | kêrêp rapêt dèn lêboni | mabur tanpa lar mlêtik | tanpa suthang kang wus baut | ing swagnyana krêtarta | di mulya susila niti | sadu parikrama wardaya nirmala ||

18. sajroning badanmu ana | ratu jaksa lawan patih | tuwin pangulu tan pisah | rêrêmbugan rina wêngi | yèn durjana ing ati | ratune dadi kalurung | karan ratuning dajal | pangulu jaksa pêpatih | padha bae karêm ring godha rêncana ||

19. ratu-ratuning dubillah | patih panguluning eblis | jaksaning prayangan setan | dadya pangawak idajil | pantês nampani runtik | tumibèng awakmu iku | sapa kang têtulunga | lamun sapadhaning urip | datan sreda rèh wus ana kupiyannya ||

20. ewa samono manawa | ana kang gêlêm nulungi | sagung kewan wanawasa | kang nèng kene kabèh iki | sun tarine yèn asri | ingsun bungah sèwu sukur | nulya radyan parentah | mring kewan têtaga sami | saurpaksi malah sami ngerang-erang ||

21. bajul ngguguk sru udrasa | swara ngêlik galik-galik | ngundhamana nguman-uman | maring Hyang Kang Murbèng Urip | mangkana dènira ngling | dhuh Gusti Hyang Maha Luhur | tobat kula katura | nyuwun luwaring kaswasih | sampun wêning awoning manah kawula ||

22. adhuh-adhukadhuh-adhuh. nora jamak | kaniaya dyan ngabèi | tan pisan asung kawlasan | sidhang-siring karya adil | dêdalaning prihatin | katrapan khukum ragèngsun | anèng jêron jugangan | tan wurung têkaning pati | patiningsun duraka dunya akhirat ||

23. Radèn Kancil angandika | hèh Buaya aywa criwit | nguman-uman mring parentah | nrimaa titahing Widhi | khukum puniki Srênggi |

--- 2 : 157 ---

maksih mamèt patut rukun | lamun bênêring siksa | sira pasthi dèn talèni | apês mblêbês binuwang rong puluh warsa ||

24. winirangakên ing kathah | nganggo kinalungan wêsi | ngangkat panggawean paksa | mangkana ukuming nagri | mangkya sira mung bali | yèku aran patut rukun | marma ywa ngundhamana | mring Allah saha pulisi | kang sayugya nutuha sariranira ||

25. sarira nutuha nyawa | nyawanira nutuh maring | kodrat kadimah supaya | bali mring kodrat kawadis | iyèku ciptèng pikir | angên-angênmu mrih dudu | kodrat kawadis lirnya | panggawe kang bangsa lair | lair batin dadi sifating drubiksa ||

26. awit padha pêparêngan | jaba jêro kumpul kardi | budimu kang nora kaprah | jisim mung darma nglakoni | nanging yèn manggya sisip | tumêmpuh badan sakojur | ati tan tampa bahya | mung gêtun dènnya nglakoni | gêtih daging padha anampani siksa ||

27. marma sira ingkang bisa | angawula marang ati | barang karsa barang karya | timbangên dugi prayogi | yogyane dèn lakoni | buwangên adoh kang dudu | wit dadi wêngku sira | rasul rusul anèng jisim | sifat anyar pantês kataman ing 'aral ||

28. lamun wus bisa nyuwita | mring ratunira pribadi | ratune wêruh kawula | iku ran sarjana murti | wicaksanèng pambudi | daya kagêlar kagulung | gêlêngan wirotama | sampurna jênênging urip | ngarêp-arêp têtêp mantêping pamuja ||

29. ati puniku upama | samudra kang tanpa têpi | mumbul muluk jêmbar padhang | madhangi isining bumi | rat jagad wus pinusthi | njèrèng ngêjum iya dudu | wruh ganal saha lêmbat | ngoranora. ngawur nora miring | wus mangkono kewan sadu parikrama ||

30. prasaja mangulah tama | agamane dèn kêncêngi | tan nêmbah ing tawang-towang | tan nêmbah rasaning pikir | cahya warna tan apti | lan nora yun manuksmèng nur | tuwin angejawantah | tumanggal marang bêbayi | nora pisan kang mangkono siya-siya ||

31. panthênging cipta kang nyata | nyataning tumitah urip | urip ngarêp-arêp arja | angupaya ati budi | mring sasamèng dumadi |

--- 2 : 158 ---

conto klakuan kang bagus | kang ala kinawruhan | bagus tumanêm ing ati | yèn waskitha swarjana murti wêweka ||

32. kalakuan dadya tandha | ala bêcike ki budi | sanadyan cipta durjana | yèn jisim nora nglakoni | yakti tan nêmu sêrik | rèh dayaning pikir nglangut | lêmbut nora katara | tanpa apês punang karsi | kang mangkno saking sihing Suksmantaya ||Kurang satu suku kata: kang mangkono saking sihing Suksmantaya.

33. barang karsa anglêngkara | sarwa anèh kang pinikir | angên-angên kasaktènnya | panyana-nyananing pikir | yèn netra wruh pawèstri | ingkang anom ayu lurus | pikir glis nyidrasmara | wus dene wêruh ing dhuwit | boga wastra wus sinandhang wus rinasa ||

34. nanging tanpa tapak tilas | tan dadi bahyaning jisim | marma prayoganing gêsang | lamun ati mikir silib | bêcik salina budi | mikira panggawe bagus | ywa karêm tyas dursila | watêk jurubasa trampil | yèn ginagas badan enggal lumaksana ||

44. Mêgatruh

1. truh ing sabda kabèh Baya wasitèngsun | tampanana manjing ati | dadi dêdalan kang luhung | luluh patrap murka juti | ati têtêp tampa tudoh ||

2. nora bodho sun mulang mring sira Bajul | sadurunge wus sun pikir | kira-kirane atimu | krungu wulang bisa tampi | katara alamu mêlok ||

3. lamun datan ala ora darbe bagus | lan manèh sifatmu Srênggi | rong puluh jêjêg acukup | kêna sinajarwan bêcik | pancadriyamu tan kalong ||

4. kaya uga bisa tampa krungu tutur | swara dêdalaning kuping | wujud dalaning pandulu | loro pisan bisa manjing | dayaning swara mring jêro ||

5. tinampanan ing pikir bisa kacakup | saka aturirèng kuping | aturing netra panthipasthi. wruh | mangkono kodratu'llahi | mokaling titah kinaot ||

6. karna netra tutuk grana dadi rusul | bangkit munjuk atur uning | mring ratumu jroning kalbu | bênêr jêjêg apatitis | papat iku wus pitados ||

--- 2 : 159 ---

7. mèh tan dora sabarang aturanipun | balik piwalêsmu êndi | linadènan siyang dalu | pilih kewan kang udani | kudu sato kang wus moncol ||

8. wruh ing walês gusti mring kawulanipun | kawula mring gusti uning | gêganjaran kang ginadhuh | pancadriyanira mintir | tan pêgat-pêgat ing pakon ||

9. lah kapriye sababe panggawe dudu | dene badan ingkang manggih | sangsara kaya awakmu | nglakoni prentahing gusti | mangkantuk siksa mangkono ||

10. lah pisahên panggawe ala lan bagus | mangkya sira bakal uning | wêning pamawasmu kukuh | ngawula silaning urip | wruh jaman murkaning batos ||

11. baya dupi wus tampa punang pitutur | lungiding wardaya mingis | lir Supaning Majalangu | nglar gathik waja lan wêsi | sangkêp jaba jêro cocog ||

12. sanalika tan ngrasa sangsara Bajul | prabawaning wulang murti | kang mipit panon sumaput | tri pandurat tan bisa ngling | wusana ature alon ||

13. dhuh dewaji sèwu bagyantuk pitulung | wasita di tama kang writ | tumancêp kulunging kalbu | gumulung sajagad radin | lair batining lêlakon ||

14. wus pracaya kasatmata têtela wruh | wêning narawang kang uning | pinancasa gulu jabut | rila ekhlas manah suci | nyumanggakkên margi layon ||

15. dantandatan. nggrantês sarambut pinara sèwu | tan bêtah wontên dunya wit | murang silaning tumuwuh | wus pasthi jisim anyar nis | dhêndhaning jurubasawon ||

16. dhuh rahadèn ngabèi ambèstu nyuwun | Taksaka wêlang kang mandi | enggal nyakota mring ulun | hèh Ula cakotên mami | aja sumêlang ing batos ||

17. yèn wus tega patiku seje lan mau | owêl marga durung uning | kaluputane uripku | lan durung wruh 'ilmu jati | ing mangke sun wus waspaos ||

--- 2 : 160 ---

18. dyan ngabèi mbêkuh baya iku dudu | patrap sampurnaning 'ilmi | tan mangkono marga lampus | têmpuhna bae kang bêcik | mring uripmu kang karyawon ||

19. awit bali manèh sangisoring kayu | iku pikir kang ngajani | sajroning kalbu atimu | iyèku kang aran urip | kêna sinêbut Hyang Manon ||

20. nora ewuh paring lantaran tumuwuh | yèn pinasthi maksih urip | rèh tan jumangkah mung nyuwun | pêrêsên têmpuhna maring | kang awèh prentah mangkono ||

21. sun jarwani manèh Baya kang satuhu | ywa sira sandeyèng ati | sajatine sira durung | Bajul tumêkaning pati | ana tandha ingkang katon ||

22. têtela trang yèn maksih dawa yuswamu | ujare guru kang luwih | panêngêraning tumuwuh | pira-pira sun titèni | wus bênêr akèh kang cocog ||

23. pangiraku kang têtulung mring uripmu | dudu sapadhaning kumlip | sabab Hyang Kang Maha Luhur | kuwasa masesèng urip | lan patining kabèh sato ||

24. nanging Bajul wêkas sun yèn sira idhup | kang wêruh tataning urip | sayogya tulung-tinulung | marang uriping sasami | padhanên uripmu yaktos ||

25. kang gumêlar ing jagad khayat myang khayun | rêngkuhên sifatmu Srênggi | rèhning padha uripipun | iku ingkang mracihnani | sifate Hyang Maha Manon ||

26. lan maninge wêruha patraping têpung | pawong mitra dina wuri | wong tuwa sanak sadulur | guru ratune nèng bumi | iku kabèh ngloro-ngloro ||

27. kang sapisan guru jaba têgêsipun | maguruwa sira Srênggi | mring piwulange satrumu | myang durjana murkèng budi | kabèh wulange kudu wroh ||

28. dene ingkang darmambêk santa budya yu | iku satrune wong bêcik | sun kosok-bali ran guru | ewuh panjèrènge wadi | guru jaba petung ewon ||

--- 2 : 161 ---

29. kayu watu alas gunung dadi guru | banyu gêni bumi angin | kabèh gumêlaring wujud | cêcukulan warni-warni | wêwarah kawruh kinaot ||

30. yèn sun jèrèng guru jaba warnanipun | sayêkti ngêntèkke mangsi | wong klithikan sukèng kalbu | dagangane kartas laris | tur sira tan bisa nganggo ||

31. ingkang kaping kalih sun tuturi guru | guru jaba kang hakiki | iyèku angên-angênmu | kang ginugu barang karsi | ujaring Buddha Hyang Manon ||

32. basa manon têgêse plêng kwasanipun | sabarang kudu ndhisiki | dadyaran Bathara Guru | Nilakantha Jatihêning | Tuguwasesa Suksmanon ||

33. Hyang Sudyarsa Hyang Pramana Maha Luhur | Hyang Wisnungkara Dimurti | akèh arane puniku | tur wardine nora tunggil | tandha kwasane tan awor ||

34. yèn wong Buddha iku wus dadi gêgêdhug | napas kang manjing kang mijil | iku kêmladheyan nunut | sawatara anguwati | bab guru iki sun pêdhot ||

35. yèn sun jèrèng pira banggane tanganku | uthak-uthik ndumuk mangsi | anèng êpèn waja dèn mut | sun rupakkên wanda tulis | kawadis sayah ndharodhog ||

36. yèn ki guru nora cape nora kêju | sabab panggonane suci | hèh Baya pikirên iku | caraning guru kêkalih | akèh jèrènge kang wus wroh ||

37. dene kabèh iku kudu kanthi mahkum | arane dugi prayogi | kudu nganggo undha-usuk | sêngkan-turunaning ati | aywa kongsi carub awor ||

38. kabèh-kabèh kudu ana khukumipun | myang wêruh ing goroh yakti | solah trapsila kadulu | katara ala myang bêcik | ana khukume kang kanggo ||

39. wus sun ringkês Buwaya pituturingsun | yèn tinulis nora ênting | kurang papan luwih wuruk | ngêbêki isining bumi | iki bae wus kajlomprong ||

--- 2 : 162 ---

40. adat kang wus lamun wong kakèhan wuruk | tan ana cumanthèl pikir | yèn kang kurang wuruk kumprung | wurung ing dandanan sami | mangkono adating sato ||

41. iki bae tuturku durung tartamtu | sira bisa anampani | sabên kewan ingkang krungu | mung gumuyu dongèng Kancil | yèn iki dudu gêguyon ||

Kancil Amongpraja mulih marang karajane Baya luwar saka panguwasaning 'alam

42. lah wis Baya kèriya ingsun yun mantuk | nulya bidhal dyan ngabèi | sadaya kewan tut pungkur | nggrubyug Amongpraja Kancil | samantara sampun anjog ||

43. ing karajan Gêbangtinatar lir kratun | kawuwusa Kalasrênggi | ingkang katindhihan kayu | muja ngêningakên budi | luwarnya saka ing kono ||

44. wus pinasthi karsaning Hyang Maha Luhur | samana lindhu ndhatêngi | gonjang-ganjing gunung njêblug | prabatang jati sumingkir | Buwaya tyasnya cumêplong ||

45. kadya tangi saking pati nêmu gunung | gunung mas tanpa upami | narimèng tyas suka sukur | nulya mbrangkang ngirih-irih | ririh ngarah-arah alon ||

46. ngulon bênêr dangu nèng marga wus nyêgur | ing jarangkah wus umanjing | narmada Bagawanta gung | ambyur saking padhas pinggir | kapinujon tirtanya rob ||

47. dupi Baya raganya umahas ranu | ndadak sakala kang sakit | lêsu pêgêl lumpur kêju | sirnanting badan wus pulih | ngèli nut ranu mangisor ||

48. baya kanan kiri margi kathah njumbul | dahat gêtun kadya ngimpi | mangkana pamuwusipun | ho o kyai lurah mulih | nuli mèstu lir traping wong ||

49. gumarudug samarga-margantuk Bajul | tut wuri ulihing Srênggi | andulur gumrudug sêlur | lir komassaris ngajawi | enggaling crita wus anjog ||

--- 2 : 163 ---

50. kali Lèrèng toyanya kadya kinêbur | mbrubul Bajul ngandhap-nginggil | gêthok tular mlaku êlur | nggabag kumambang ing warih | nungsung kang ndhuwur mangisor ||

51. samya baris sebak traping saradhadhu | twedhêglid anurut pinggir | panggonan kongsi kasêbut | karan têkane sêmangkin | ing Jagabaya kang dhukoh ||

52. kinanipun punika kratoning Bajul | samana Ki Kalasrênggi | dadya guru juru tutur | dhasar tuwa ngapalani | kêrig Baya lanang wadon ||

53. samya ajar ujuring kawruh gêgêdhug | sangkan antara paran nis | asale 'ilmu tinutur | saking Amongpraja Kancil | kunêng gênti kang kacriyos ||

Saya wuwuh karta raharjaning praja Gêbangtinatar

45. Asmaradana

1. asmaradana winarni | karajan Gêbangtinatar | saya wimbuh kuncarane | drajad jumênêng karatyan | raharja gêmah ripah | jêjêg tibèng khukum jujur | lajêr kluhuraning jagad ||

2. kasub kondhang ing kumêlip | Dyan Ngabèi Amongpraja | mancas durta sabênêre | tan ngeman kawula warga | pangrêksaning durcara | mrih tata susila ayu | ing syara' yudanagara ||

3. kotamane midrèng bumi | nuksmèng jagad ing wiryawan | kuncara doh rêncanane | ganda rum ngambar sumêbar | rèh tabêri pêpajar | kèhing kewan ngèksi tuduh | ngataskaraning susila ||

4. kang mbrênjul cukul katapis | rinusak sanarasarana. nalar | pêtêng rawe-rawe pêdhot | padhang nrawang dalu siyang | adil lakuning praja | agêng prabawaning khukum | Radyan Bèi Amongpraja ||

5. yakti nugraha linuwih | nuwuhkên budya yu tama | mêruhkên 'ilmu jaba jro | syara' tataning agama | milati Ibrahima | wus dene lakuning khukum | patraping nagara krama ||

6. kèh kewan mêmuji suci | mantra nirmalaning praja | anjunjung lair batine | wêdyasih martaning nata | tyas sadu samaita | wêning prabawaning kratun | Kancil Mongpraja samana ||

--- 2 : 164 ---

7. wus nêtêpakên pêpatih | Banthèng putus ing wêweka | nalar ruwêd rêntêng kamot | mêmêt ngubêngakên praja | nêtêpi wajib wênang | dadya panariking luhur | ketang mulyaning nagara ||

8. tan pisan bahukapini | tan melik pajêg jung kathah | datan mamrih sugih bae | mung ngrêksa rêngkaning praja | kèh wangunan winuryan | krêtêg-krêtêg lurung-lurung | bumi kèh kapulasara ||

9. opèn marang pêkir miskin | miwah santananing nata | wus dene punggawa kabèh | panèwu mantri prêmbenya | widada gung dinanan | pradanane kang lumintu | pantês patih matah praja ||

10. mangkya wus pinaring nami | Radyan Patih Kartipraja | karti gawe pardikane | praja nagara kang mulya | Banthèng kang mangun arja | cukup cakêp agal lêmbut | mangkono nayakawaktra ||

11. kang mangka jaksa ing mangkin | Dwipangga baut micara | undhagi sangkêp nalare | cukat trampil atrangginas | gênah ganêping tata | munah durta laku dudu | dinuhkên ing tata praja ||

12. khas kuwat lumyat prakawis | yèn ana wong kasusahan | lir anêmu susah dhewe | pangrêngkuhe mring sasama | sinami badanira | tan nyêngkolong para padu | tan amrih rusaking kanca ||

13. mèh cèplês radèn ngabèi | sabarang nindakkên nalar | duga prayogane ngêntèk | titi surti tur sujana | mêmêt rapêt ing basa | pintêr tan katarèng sêmu | rèh putus pamardyèng tata ||

14. samana wus sining nami | Dyan Jaksa Amongpradata | mênggah pradikane among | mulat waskithèng rubeda | pradata bêbênêran | kang mangka luhuring kratun | wit adil purba wasesa ||

15. dene kang ingangkat dini | pangulu panggawe praja | Wauwa têtêp lungguhe | sinrahan wakil wus lama | tanpa cacad sarema | dènnya nglakoni pangulu | sarining syara' pratela ||

16. putusing basa 'Arabi | dalil madlul ma'na murad | sare'at lan tarekate | hakekat trus ing ma'rifat | ginagêlung ginulang | khukum kitab anggêr putus | kramaning nagara wignya ||

17. gumulung para 'ulami | akèh kang ngasilkên rasa | mring Uwauwa jarwane | pantês tuwangganèng praja | dhasar kêncêng ing gama | rukuning Islam kacakup | cukup nêmbah ing Dzat Mulya ||

--- 2 : 165 ---

18. wus sinungan nama Kyai | Ki Mukhammad Khalilu'llah | punika asma murade | Mukhammad wujud manusa | Khalil ngarah utama | lullah kang sinêmbah sujud | Dzat wajibul murwèng jagad ||

19. wus pêpak praboting nagri | têtêp jumênêng narendra | ngasta adil pratandhane | misudha patih lan jaksa | pangulu Uwauwa | iku pirukuning kratun | jêjêre patang prakara ||

20. marma wus kuwat nêtêpi | mancas dursilaning praja | kêna sinêbuta kraton | busananing jagad raya | minangka suryèng 'alam | pêpakuning jagad kukuh | sumbagèng rat tanah Jawa ||

21. khalifatu'llah sakalir | jumênêng nata agama | papat iku têtaline | maku rat kajibah ing rat | wênang mulasararda | kang mbalela ing Hyang Agung | wus winênang bahudhêndha ||

22. kawiryan tanpa upami | bagnabagya. laksita durcara | akèh tobat ring Hyang Manon | dene para punggung mudha | winuruk ngèksi kara | tanpa karana sawastu | dayèng pardi murti tama ||

23. akèh kang cukul martani | sadarpa budi wêlasan | sato kewan sadayane | jroning budi khukum praja | nawang kara dusana | rumêbuting pèni mancur | tan ana winancak driya ||

24. jêjodhoan swami yukti | rêraton satunggal-tunggal | awit putus matrapake | hèrjunarda lir narmada | lumintu dalu rina | saking gêng karoban tuduh | yayah udayèng jamuna ||

Asu kasêbut Sang Dwija Wrêka ing Suracala ginuron para sato kewan ing kanan kering kono

25. nahan gantya kang winarni | Sona ingkang abang bêlang | Ki Sutatruna darbèke | nguni kang lunga martapa | mring Guwa Suracala | mêntas anampani bêndu | pinala sakulawarga ||

26. dupi nguculakên Kancil | nèng sênik tinindhih sela | samana Asu ciptane | nêgês karsaning Hyang Suksma | manrang ing pringga baya | pratisthèng guthaka njingkrung | ngêningakên tyas nirmala ||

27. wus tan darbe cipta kalih | mung têtêp madhêp ing Suksma | prasêtyane pamintane | bangkita wujud sampurna | lir manusaning taya | jangkêping sifat rong puluh | antuka budi caksana ||

--- 2 : 166 ---

28. rèh dahat puguting ati | duk siniya ring manusa | ingkang karan Pakne Kêdèl | marma Sona gung nalangsa | noraga njungkung sêdya | ngidhêp ing pujwarja jumbuh | taki-taki ambêk dwija ||

29. nèng Suracala mêmuji | wus gêntur sutapanira | datan kacrita lamine | samantarantuk nugraha | hidayating Hyang Suksma | panggayuh surasèng 'ilmu | tatas jêntus tus-êtusan ||

30. labêt pamêrêsing budi | boga deya nora ngeman | malah datan sare-sare | angga samun lir dumaya | kawêntar kajuwara | Sona pratama ing kawruh | 'ilmu rasa sasmitarja ||

31. lakune nganèh-anèhi | sêtyambêk paramartèng rat | lêgawa budi krahayon | mangayu ayuning yoda | ngawula akhir dunya | pinusthi pathining 'ilmu | Sona mèh tanpa warana ||

32. antuk tarbukaning 'ilmi | nguni saking Nabi Ilyas | danurjaning budi bolong | narawang tanpa tangkêban | dakik lêmbating cipta | kewan kanan kering ngriku | kathah sami muruhita ||

33. ingkang pinudyèng tyas Anjing | ma'rifatu'llah kang tekad | anrupakakên ciptane | dikirulakmalulilah | nginjên-injên Dzatu'llah | lalu wuru luluh jêmbuh | gambuh gambiraning puja ||

34. jawalangajajinati | nastiti titising sangkan | paran pramana tandhane | rinacut katêngkar-têngkar | swagnyana tanpa kira | sirnanting caraning makhluk | lir baskara lan mandaya ||

35. cacad maksih warna Anjing | nanging Asu badan Suksma | polah-tingkahe nyalênèh | marma kasub kasumbaga | tumular malbèng kabar | lir gundhala pajar nglangut | kagawa bakul wêwarta ||

Sang Kancil Amongpraja anduta Rase lan Lingsang laku nyamar lan nimbali Sang Dwija Wrêka

36. konjuk ring Radèn Ngabèi | Kancil Mongpraja di karta | karta têntrêming karaton | Gêbangtinatar mulyarja | lyan praja tanpopama | dupi wrin wartaning Asu | nglêbur pranatan agama ||

37. kagyat wagugên ing galih | wancaking driya jênggama | ngrêregoni pranatane | gumêlarirèng agama | ingkang njunjung wibawa | drajad tumibaning khukum | dini'lmustafa santosa ||

--- 2 : 167 ---

38. mangkana locanèng galih | kayaparan lamun nyata | Si Srênggala panglêbure | mbuwang sare'at kang mulya | masjid minulya arja | dadya sintruning tyas dudu | rinusak Asu kêparat ||

39. kayaparan kang prayogi | yèn sun priksa mêtu praja | sun wêlas nguni kawite | taki-taki saka kita | mbujuk sandi upaya | dadi lantaraning idhup | kalane ingsun cintaka ||

40. nanging upamane iki | sun sarah klakuanira | èstu tan bêcik dadine | wong maido mring agama | wajib kinisas mangkya | rèhning nyênyampahi rusul | rasuling Hyang tiba ina ||

41. yogyane ingsun manuding | caraka kang ngendraprastha | kang sêpi samun lakune | ywa katara lamun duta | sêpiyun kang prasaja | radyan bèi sigra nuduh | Rase Lingsang kang wisata ||

42. kinèn ngêmori kang budi | sandi tarèk muruhita | kayaparan pamijange | apa mirib 'ilmu rasa | surasèng kitab Kuran | karweka liningan wuwus | Lingsang lan Rase sandika ||

43. dene yèn wus manjing murid | Sona kinèn nimbalana | kerida laju sumaos | mring nagri Gêbangtinatar | nulya wisata samya | samantara wus cumundhuk | ing made wiwarèng guwa ||

46. Dhandhanggula

1. lir sarkara Srênggala marêngi | pêpak tarap pra murid sumewa | kasaru Lingsang lan Rase | silakrama mabukuh | mangrêpa nor muka ring siti | ing abyantarèng Sona | sinambrama arum | matur nuwun ing waluyan | klinggamurda Rase Lingsang matur aris | adhuh sang dwijawara ||

2. sowan amba midhangêt pawarti | kang tumular cakraning buwana | paduka wus miridake | lamun dhangan ing kalbu | amba nuwun wijang kajatin | kawruh ingkang sampurna | lir para kanang wus | kawijangakên ing kathah | saking dahat punggung kula sangu pati | kang patitis ing paran ||

3. amangsuli Srênggala hèh bêcik | sira kapengin sasmitotama | 'ilmu sagadugmu bae | Rase Lingsang wus dinuh | sinajarwa jarwaning 'ilmi | dupi duta wus têrang | nulya adhêdhawuh | mangkana duta wuwusnya | wisatamba ajrih dora mring sang yogi | winêling sri narendra ||

--- 2 : 168 ---

4. jêng paduka ngêndikan samangkin | kerida sarêng salampah kula | mring Gêbangtinatar mangke | Kancil Mongpraja sampun | nupiksani warti manawi | sang wiku ulah puja | sanyataning 'ilmu | sangêt suka-sukurira | nanging kêdah paduka dipun timbali | kagyat Srênggala nabda ||

5. hèh ta Lingsang Rase sun wus tampi | timbalane Mongpraja manira | kinèn sumaos ngarsane | apa ta parlunipun | wong martapa dipun timbali | mring kang mêngku wibawa | kapriye patrapku | kidhung kiwa tanpa tata | nir kramarja tansah tuna yudanagri | saru ngusutkên praja ||

6. wong ndhêdhumpil nèng guwa sathithik | nora mamrih ngrêbut kaluhuran | tan ngrusak bêbênêrane | sabên dina sun ewuh | ngandikan lan kang sifat kadim | abot prentahing Suksma | lan dhawuhing ratu | hèh Lingsang Rase muliha | sun tan arsa nglakoni ewuh pribadi | tan pêgat sabên dina ||

7. imbal sabda lan Kang Maha Suci | satêmêne sun nora kabawah | nèng bumine Allah dhewe | kalane Kancil durung | tumitah nèng madyapadèki | bumi iki wus ana | kagungan Hyang Agung | wis duta sira mundura | aturêna ing sapitutur sun iki | Rase Lingsang wus mentar ||

8. datan dangu ing marga wus prapti | ing Gêbangtinatar wus sumewa | mring Amongpraja ature | purwa madya nisipun | brêsih titi datan muwuhi | Mongpraja tansah rudah | dahat ngungun njêtung | mirêngkên aturing duta | ucapên kang anêng Suracala marid | nutugkên mêdhar karsa ||

9. wus misuwur Bagawan Wrêka di | kang asrama dhepok Suracala | tuhu wêning pangawruhe | cakêp bengkas ing 'ilmu | mêmêt nyamut sarasa êning | wus kaloka ing jana | tinêkanan sampun | cundakane Amongpraja | Rase Lingsang nimbali Dwija Wrêka di | mbangkang angutha-dlika ||

--- 2 : 169 ---

Kuwuk anêkani lan awèh peling marang Asu

10. ucapên kang têtrukèng wanadri | sawetaning alas Ampèldênta | Wil Pusa Kuwuk arane | sampun midhangêt tutur | lamun Sona ingkang mêmarid | nungku nèng Suracala | tinimbalan ratu | mogok tan arsa sumewa | sira Kuwuk darbe sumêlang ing ati | wêlas marang Srênggala ||

11. bokmanawa kongsi dèn têkani | rinodapaksa dutaning nata | paran baya kadadyane | tan wurung nêmu dudu | sigra-sigra Kuwuk lumaris | mring Guwa Suracala | Sugriwarsa pemut | sarta nêdya wruh antêpnya | tan cinatur nèng marga samana prapti | padhepokaning Sona ||

12. sinambrama tatakramèng puji | lir oliya patraping kaarjan | Kuwuk mangkana sabdane | hèh adhi praptaningsun | nilas warta kagawèng angin | kang tumular ring loka | kabur kondhang catur | lamun sira tinimbalan | marang Gêbangtinatar mogok ing kapti | yayi sababe apa ||

13. prayogèngsun aywa wangkot yayi | tinimbalan mring kang kinawasa | masesani santerone | sowanna kang sumujud | jêr puniku khalifah yayi | wajib wênang masesa | sesining rat kaglung | gumulung Gêbangtinatar | bumi Suracala iki wus kadarbi | kabèh satanah Jawa ||

14. ing Blambangan sapangulon prapti | tanah Bantên wus padha kaasta | dening Amongpraja kabèh | pira yayi banggamu | ambaguguk manglanggar nagri | wus akèh kupiyanya | malang-malang putung | rèh lagi sinihan ing rat | lah ta êndi gandhulanmu kang nguwati | yayi sira wêcaa ||

15. sira Sona mèsêm nambung angling | he kang Kuwuk ngaping pindho karya | ingsun iki andêdhèmpèl | tan nêdya ganggu-ganggu | amung muja ngêningkên budi | dalaning kasampurnan | urip praptèng lampus | saha satêmêne kakang | ingsun iki dudu kawulaning Kancil | yakti titahing Suksma ||

--- 2 : 170 ---

16. Gusti Allah kang ngodrat wus dadi | ananingsun mulya praptèng paran | sajêroning urip olêh | rijêki dadi kukuh | mikukuhi jênênging urip | tumruning udan tiba | bumi-bumi cukul | nuwuhakên têtuwuhan | dadi pangan iku mracihnani paring | -ira Hyang kang murwèng rat ||

17. bumi langit tranggana surya di | wulan siliring maruta toya | saking dumaya kwasane | ingsun lan Kancil sèstu | padha bae dadining mani | kaliku ran kawula | wus nêmu kadulu | sabarang isining dunya | dudu Kancil kang murwani jagad iki | apa gêlêm sun sêmbah ||

18. yèn wong bênêr pasthi kirig-kirig | kipa-kipa sinêmbah sasama | sabab tan rumasa gawe | iyèku tandhanipun | Amongpraja padha lan mami | nadyan jro jisimira | Si Kancil tan wêruh | kang kinandhut kang ginawa | panjing-wêtuning napas Kancil pribadi | tan wêruh dadinira ||

19. nadyan gêtih daginge pribadi | aja manèh pancadriyanira | Si Kancil tan wruh dadine | nora beda lan ingsun | ngawur nasar ngêrèh sasami | apa sababe kakang | mring sapadha ngêkul | ingsun Allah kang masesa | kinawasa kodrat kadimah kawadis | kabèh kagunganing Hyang ||

20. yèn durung wruh sabab kang puniki | sun tan arsa lamun sumewaa | nadyan wêruha dhèwèke | isih padha lan ingsun | sifat anyar padha nganyari | tumitah anèng dunya | sakarêp-karêpku | kumawênang ambêk nata | mring sasama dene wani animbali | yèku wong tanpa tata ||

21. punggung mudha tan wruh sasmita di | durung wêruh jênênging narendra | ngêrèh kawulèng Hyang kabèh | ewuh wong dadi ratu | suka bungah ingaji-aji | tansah umuk sumêngah | swardanambêk dir gung | lamun durung têtela trang | witing sêmbah saka apa witing asih | kapriye sababira ||

22. lan Si Kancil anampani dhuwit | pajêg bumi saking desa-desa | iku kapriye nalare | wong desa atur-atur | marang ratu bupati

--- 2 : 171 ---

mantri | dene nora kangèlan | nampani pisungsung | yèn Si Kancil tan uninga | sanyatane bab iki sun tan ngabêkti | Kuwuk gêtun miyarsa ||

23. sabdanira hèh yayi prayogi | luwih kukuh gêgandhulanira | amung sathithik ewuhe | yèn ana wong kang ngadu | -adu basa dèn othak-athik | èstu sira rinoda | kalah kabèh Asu | dening wong kang nora nyandhak | èngêtanmu yakti kalaksanan mamrih | adat jaman punika ||

24. yèn pinaksa sira dèn timbali | sinantosan ing dutaning praja | pira bangganira adhèk | Srênggala ngguyu ngguguk | adhuh kakang sun tan gumingsir | rêmuk dadia kisma | sarambut tan mingkuh | yèn wus pasthi karsaning Hyang | têkèng pati jangji nora owah gingsir | Kuwuk suka tyasira ||

25. sèwu amin angèstuti puji | yayi lamun mangkono punika | kawruhmu dahat mêmête | sayuta sun jumurung | lah ta uwis kèri basuki | sun mulih nyonto nglaras | yayi panêmumu | kaya-kaya kabênêran | nulya mundur tan cinatur anèng margi | lastari praptèng wisma ||

Sang Kancil Amongpraja anduta Uwauwa anggawa cangkriman binatanga Sang Dwija Wrêka

26. kawarnaa Amongpraja maksih | sungkawa gêng panguguting driya | Sona kang klakuwan anèh | Kancil Mongpraja nuduh | Uwauwa dinil agami | tinuding cinundaka | kapanggih lan Asu | kang Subrata Suracala | aparentah marang sira kyai khakim | sira dhewe mlakuwa ||

27. konên mêcah cangkrimaningsun mring | Asu edan kang nèng Suracala | limang prakara cacahe | êndi kanang ingêcup | lan têmbangên sre'at agami | gama khukuming syara' | Wawa matur nuwun | pamitan lèngsèr sakala | bakta santri sakawan samya tut wuri | pangulu wisatanya ||

--- 2 : 172 ---

28. samantara ing marga wus prapti | ngarsèng Sona sira Uwauwa | satatandum krahayone | salamu 'alaikum | tanggap sabda Wrêka mangsuli | wa 'alaikum salam | nuli tata lungguh | jawab asta rêrangkulan | wusing bagya-binagya arjaning wuri | Wauwa alon nabda ||

29. hèh Srênggala praptaningsun ngriki | cinundaka dening Amongpraja | kang masesani ing kene | Dyan Bèi Kancil mundhut | sumewanta wus wali-wali | sira tan gêlêm seba | apa sababipun | dene wani mbangkang prentah | lamun sira Srênggala panas ing ati | pèkên Gêbangtinatar ||

30. ingkang kaping pindhone sun Anjing | kinèn maringkèn pasal cangkriman | limang prakara cacahe | Srênggala nambung wuwus | hèh kiyai pangulu mami | tinimbalan parentah | apa prêlunipun | wong ndhumpil pinurih seba | durung wêruh cara-caraning nagari | rèhning dama kiratha ||

31. sarta manèh kinèn mardikani | anguculi lambang lima pasal | sun iki bodho yaktine | slawase durung tau | amudhari cangkriman mami | nadyan ingsun darbeya | cangkriman ing dhusun | purudya warèng cangkriman | lènggok sundêr purêt bisa narbukani | liya iku tan bisa ||

47. Sinom

1. taruna budining desa | tatakrama sêpa sêpi | liwat saru acênthula | ngrêgêdi krama kang suci | saru anyênyampuri | sama-saminirèng makhluk | rèh sun asor priyangga | tan wun lamun antuk runtik | wus ukume yèn wong ngrusak pasamuwan ||

2. tan wurung siningkang-singkang | Wauwa mangsuli aris | dhuh anak aywa mangkana | watêking prentah bèr 'alim | maklum marang wong jirih | angapura wong truwilun | ywa wangkot sira Sona | abot sanggane ing wuri | nora bêcik mbadal karsaning nagara ||

3. sakurêbirèng akasa | saha salumahing bumi | kang kapraban diwangkara | alas gunung dadi siji | kawêngku Dyan Ngabèi | Kancil

--- 2 : 173 ---

Amongpraja èstu | mbrênjul cukul pinapar | Mangkya sira mbangkang karsi | ywa mangkono atasing titah punika ||

4. kudu rêraton ing tata | mamrih basukining urip | ing mêngko sira lênggana | bumi kang sira idaki | banyu-banyu rijêki | kabèh kagunganing ratu | Dyan Bèi Amongpraja | musamanira Hyang Widhi | lah manuta anak pitutur manira ||

5. prayogèngsun sumewaa | tekadna nêmbah Hyang Widhi | rèhning Allah datan kantha | tanpa jaman makam sêpi | anging sri narapati | kang sinêmbah kang sinuhun | pinuji wajib wênang | tinuhu-tuhuning gusti | basukyarja tindaking nagara krama ||

6. Srênggala sumambung sabda | hèh paman puniku silib | nasarkên ati katriwal | kadhadhung ginawèng dajil | dajal la'nat kang mungkir | kodrating Hyang Maha Agung | Si Kancil datan pisan | kuwasa karya sabumi | kabèh iki yakti kadiruning Suksma ||

7. ratu puniku kawula | dinadèkkên dening Gusti | padha bae lawan ingwang | aja ingkang narapati | sanadyan para nabi | kawulanirèng Hyang Agung | nora wênang masesa | sesining buwana iki | kang gumêlar ing jagad darma sakarsa ||

8. uga bênêr ujarira | sri narendra anyipati | musamane Hyang Sudyarsa | nadyan kutu-kutu kumlip | lan manusa sakalir | kabèh sarupaning makhluk | dadi tandhaning Suksma | tan ngamungake Si Kancil | dlasan sira kyai sifating Pangeran ||

9. marma tekadsun punika | wus lawas tapa mêmuji | nêgês yun wêruh satmaka | maring Hyang Wasesa Jati | kajatèn sunya sêpi | sun-pêpuji sun-sêsuwun | wus pirang-pirang warsa | tan wêruh wujuding Widdhi | têmahane pardun wakidun nèng jiwa ||

10. têgêse tunggal sajuga | iya ingsun kang pinuji | datan liya awakingwang | mêngkono mêngkene mami | jumênênging Hyang Luwih | wit kawula asmanipun | dadinirèng kawula | wit kodratbila alatin | nanging kabèh saka kita wus têtela ||

11. tan nggrantês wus datan samar | pangrêngkuh-ingsun tan miring | sifat kadim mungguh ingwang | sifat kawadisi mami | kabèh barang

--- 2 : 174 ---

kang kèksi | jroning bumi langit ingsun | rusul Rasuling Suksma | ingsun ingkang musamani | jroning rasa sasmita kabèh manira ||

12. ingsun ingkang karya syara' | kitab Kuran mungguh mami | sahadat salat myang zakat | pasa tuwin munggah khajji | pakonira pribadi | batal sajêroning wudlu | yakti sun ingkang karya | wus dene yèn puji dikir | iya ingsun kang nampani kang narima ||

13. sandhang pangan sun ngupaya | dadya cêcagaking ngurip | olèh bêgja lawan ora | sayêkti têka pribadi | dudu Ratu kang paring | dudu malekat kang munjung | Allah tan awèh sêga | mêngkono mêngkene mami | swarga nraka kabèh kawêngku deningwang ||

14. barang solah tingkah ingwang | sêka karsèngsun pribadi | anjênêngakên kaanan | sajagad rat maratani | jroning badan mênuhi | barang apa dunya nêmu | badan sasat buwana | nadyan sêpur prau api | surya wulan pêpak anèng jisim-kita ||

15. rèh sira putus agama | ahli Tafsir awal akhir | apa cundhuk apa ora | barang wuwus-sun puniki | kalamun slisir kyai | sajara ingsun yun krungu | êndi ingkang sulaya | panêmuku sun-owahi | aywa klantur nurut salahirèng cipta ||

16. yèn kang baut ing wikara | mamèt warah datan isin | sanadyan wong sudra papa | kere anèng pinggir margi | lamun cature mirib | kalawan pancêring kalbu | kang prayoga ingalap | nora wirang nora isin | wus mangkono wong mamrih swarjana tama ||

17. sabên dina nganggo karna | nganggo netra miling-miling | rêrupan dadi piwulang | ala bêcik dèn kawruhi | manjing pancêring budi | wong winuruk saka catur | myang saka layang-layang | Asthabrata Rama-kawi | suluk-suluk Surti lan Panitisastra ||

18. yèn tan sênêng datan bisa | awit sulaya lan ati | sanadyan 'ilmu akhirat | sun-gulang budi patitis | patrap tataning urip | ngadhêp sampurnaning layu | wêruh ing kanyatahan | nyataning kawula Gusti | saking ana hèh pangulu rasakêna ||

19. uwauwa nambung sabda | iku dudu pamrih yukti | yaktine tumitah gêsang | anaa kang dèn wêdèni | jumênênging narpati | mangka

--- 2 : 175 ---

badaling Hyang Agung | kang nindakkên kotaman | natasi ruwêding bumi | nyirnakake murka ingkang wus têtela ||

20. karya mulyanirèng praja | sabarang karsèng narpati | ingkang kalawan prayoga | sendhe ring Hyang Maha Suci | nanging kuwating pardi | saka rêrukunan kumpul | dèn jak budi raharja | de sira mungkir mring Aji | lah cupana cangkriman limang prakara ||

21. wêcanên ingkang têtela | timbalane dyan ngabèi | mangkene kanang cangkriman | siji sira kinèn milih | urip sa-lami-lami | lan mati salawasipun | pilihên salah juga | dene ingkang kaping kalih | mangan sabên dina lan mangan sapisan ||

22. cangkriman kang kaping tiga | kinèn milih salah siji | suwarga utawa nraka | ingkang kaping catur warni | suwung utawa isi | kang kaping lima winuwus | rusak utawa mulya | dhawuhe radèn ngabèi | Sona ngguyu ngguguk sarwi latah-latah ||

23. ho o ki Pangulu sira | dene kaya bocah cilik | sun wus wêwarta sanyata | ing tekad datan gumingsir | cangkriman pating srêndhil | ko-ucap anggêre mêtu | kurang duga prayoga | pangulu mangsuli aris | puluh-puluh wus karsane Amongpraja ||

24. panjalukingsun mring sira | cupana kewala bêcik | aywa anampik cangkriman | Sona pasrangkara aris | bênêr ujarmu kyai | sun-batange kang rumuhun | urip kalawan pêjah | sun tan urip datan mati | yèn wong mati kang mati nora uninga ||

25. dadi têgêse pralaya | sajatine ingkang urip | dene ta kalamun gêsang | sajatine aran pati | kawruh mangkono kyai | sèwu siji ingkang wêruh | dene daliling Kuran | watuh karijul kayamin | mayittahu watuh karijul mayita ||

26. minalkayi têgêsira | Allah mêtokake pati | saking urip sakanira | Allah mêtokakên urip | tangi saka ing pati | iku jarwane pangulu | sun-pasthèkake sira | nora bisa nguningani | jêngkang-jêngking tansah nêmbah tawang towang ||

27. suwung wangwung amung asma | iku kang sira-gandhuli | lan mêmuji wujud napas | ciptanta sampurnèng pati | saka puji lan dikir |

--- 2 : 176 ---

wus bênêr prasan atimu | saksine nora ana | silib-yakti datan uning | iya iku amêmuji basa swara ||

28. ingkang kaping kalihira | ingsun pinrih narbukani | wong mêmangan sabên dina | lan mangan sapisan kyai | bab iku kang sun-cupi | sabên dina ingkang muluk | yaktine badan wadhag | kang mangan sapisan kyai | angên-angên warêg salawas-lawasnya ||

29. iku sun-pilih sadaya | sajroningsun mêngku urip | dene ingkang kaping tiga | kinèn milih salah siki | suwarga myang nrakapi | iku kabèh sun tan ayun | nraka manèh arêpa | suwarga mulya sun suthik | kang sun-pilih sakarsaningsun priyangga ||

30. dene pasal kang kaping pat | isi-sêpi kinèn milih | kabèh iku sun tan arsa | bab dadi rêncanèng 'ilmi | kang milih marang sêpi | dadi amangeran suwung | yèn milih marang ana | iku wujuding idajil | Gusti Allah nora wujud nora sunya ||

31. kang sun-pilih wujudingwang | iya ingkang sifat kadim | tan wiwitan tan wêkasan | pasal kaping lima kyai | rusak-mulya kang êndi | kinèn milih sun sumaguh | milih kawadis-rusah | kadim-mulya kang sun-nggoni | jabèhkabèh. arêp dhasar wajibing kawula ||

32. aja ingkang raganingwang | nadyan para nabi wali | kabèh bosok dadi kisma | Mukhammad katimun Nabi | daging bosok wor siti | lamun sira datan nggugu | wacanên dalil Kuran | kulusahekun alikin | sabên-sabên sawiji-wiji rinusak ||

33. sajati-jatining tama | wruh ing urip wruh ing pati | waspada ing sangkan paran | saiki wus dèn kawruhi | solah-bawaning urip | saha lêlèjêming maut | kukuh pamusthining tyas | jiwa raga wus khayatin | yèn wus nyata tan sumêlang akhir dunya ||

34. saka saksi kanyatahan | têmpuh wor kawula Gusti | sahir kabir nora samar | rina wêngi dèn kawruhi | pancadriya binudi | miwiti kukuhing kawruh | sabên dina mèt warah | ngarah ingkang durung uning | nora amung mangan turu suka-suka ||

35. datan ayun tapa Buddha | badane pinati-pati | mrih katêkanna Hyang Suksma | kang anèng luhuring langit | iku ciptaning eblis |

--- 2 : 177 ---

hèh pangulu wruhanamu | pambudi srana puja | salate ambanyu-mili | awal akhir awit bayi têkèng tuwa ||

36. yèn mung trima basa swara | swara tumêmpuh ing kuping | gedhag-gèdhèg sèwu gampang | lamun wong sarjana murti | parêng têmpuhing budi | lir cancala tibèng laut | iku sababe apa | sira wong wis kaki-kaki | jenggot dawa kicah-kicih sabèng toya ||

37. limang wêktu sabên dina | sahadat pujine ndhrindhil | napi isbat mubêd dhadha | kaya Allah wruh sirèki | ngasihi mring wong dikir | la ilaha illa'llahu | Mukhammad Rasulu'llah | ko-dhaku wujudmu kyai | kang sirèsthi ing têmbe munggaha swarga ||

38. saking rasèng tyasmu nyata | rèh wus wêruh dikir napi | sajatine napi sunya | têmah wujudmu pribadi | sasat Kristên agami | amêmuji Yesus Kristus | nèng greja mawas grana | Nabi 'Isa dèn tangisi | iya iku pangulu wong kaya sira ||

39. yèn mangkono tekadira | mênyanga ing Ngara bêcik | sakiduling Surabaya | ing Majakarta nagari | akèh agama Srani | pasthi tunggal lan budimu | kang mangkono ciptanta | agama mamèt 'Arabi | lah elinga ywa kongsi kadawa-dawa ||

48. Pangkur

1. wus mungkur sabdèng Wauwa | hèh ta anak saking prayoga mami | sira tinimbalan ratu | kalamun datan arsa | prayogane sêmayaa bae bagus | sajêrone tigang warsa | ingsun kang nanggung atur wrin ||

2. yèn ana dukaning prentah | kang ngènthèngkên ngalingi jênêng mami | sun wêlas marang ragamu | manawa kasusahan | kuna mula têkèng mangke durung santun | yèn ana wong mbangkang karsa | nora wurung dèn patèni ||

3. apa manèh iki sira | ngrangkêp budi kang dhihin mring narpati | kapindho agama rasul | ina wit saking sira | anyampahi ngêndhokkên tataning makbud | panêmbah gama sampurna | mangke sira mêmaoni ||

4. sanadyan tekad sanyata | prayogane jisim karèh narpati | budimu karèh Hyang Agung | dadi kuwat mupakat | kukuh bakuh ing

--- 2 : 178 ---

jaba jêro kagêlung | ing dunya akhir ngawula | pikirên anak kang bêcik ||

5. Srênggala gumuyu latah | he e sira kyai durung nampani | pituturku kabèh kabur | tan tumanêm ing nala | raganingsun wus tarkumasiwallahu | barang tingkah solah muna | -muni karsaning Hyang Widdhi ||

6. yèn sun ngratu jêro jaba | lir jarwamu dadi miring ing kapti | bakal luput pangrêngkuhku | suda adhêping Suksma | dudu akulmukmin kang panggayuh putus | têtêp yèn mangroro tingal | ngawruhi jaba jro sisip ||

7. jumênêng kawula mamang | sêmang-sêmang urip têkaning pati | sun cikla-ciklu nênungku | tumêmên nêkêm sêdya | mangkya batal lamun katarik wuwusmu | dadi amangeran dunya | kadunyan angrêrubêdi ||

8. aja kang tumêkèng lara | trusing pati dadi awu tan nyingkir | rèh wus madhêp têtêp têrus | lair batin sumagah | gagah kuwat kawula nglakoni tuduh | prentahing tyas kang wus têrang | ingsun tan nêdya ngoncati ||

9. wong oncat sêdyaning nala | nala yukti kang wus katimbang titi | ingaran mamang sêkuthu | samar pancêring cipta | nora yogya iku dudu ran wong 'ilmu | sabarang pakon kang nyata | dhawuhing Hyang Maha Suci ||

10. sabarang pakoning nala | luwih gaib lêmbut datan kaèksi | wong Buddha aran Hyang Guru | gurunirèng manusa | kang tinurut sabên dina traping guru | tanpa tutuk yèn ngandika | tanpa karna yèn miyarsi ||

11. ningali tan mawa netra | kuwasane datan nganggo piranti | puniku dayaning kalbu | nyrambahi budi mulya | kang wus pana bisa nimbang ala bagus | dadi basukining badan | murwanimbêk sadu murti ||

12. ing mêngko si Kancil nêdya | ngrêregoni panêmbahku mring Widdhi | Widdhi adining tumuwuh | kang wruh ing puja mantra |

--- 2 : 179 ---

nora bêcik kaaran wong ganggu-ganggu | kagunggung nggagahi murka | ingsun iki ulah gaib ||

13. tan kabawah tan kaprentah | ingkang mbawah kang mrentah mung Hyang Widdhi | lah kyai tutura iku | wangsulanku dèn undang | Uwauwa dupi krungu sabdèng Asu | lêmpêng kêncêng tanpopama | judhêg pamêdharing 'ilmi ||

14. kenyut wêningirèng cipta | ingêcupan dunya akhir pinusthi | pathining rasa ginilut | gulêt campur lan jiwa | tan kumlamar datan miring idhêpipun | tarbukaning drajad pêncar | ing kawruh kang wêrit-wêrit ||

15. rumasa wus tan kaconggah | ing sasmita santosa kang dèn èsthi | têtêp madhêp muja kumpul | ki pangulu tan jajag | kitab Kuran tafsir awal akhir rampung | ahli nujum mukawiyah | pasrangkara kyai khakim ||

16. dhuh anak iki sasmita | tuhu judhêg gêgêdhugirèng 'ilmi | lamun panuju ing kalbu | sun muruhita jarwa | wijangira ing kawruh kang mêmêt nyamut | tabaraka lêganana | tarikên dalan kang wêning ||

17. supaya ning nuring cipta | imaningsun kuwur dupi miyarsi | ing wasitanira mau | sun tangkêp manjing karna | trusing nala tajêm jumalaning kawruh | wuwuh pamungsèngsun anak | saking warta kang kawijil ||

18. Srênggala mèsêm manabda | sira kyai kapengin kaya mami | sun owêl kyai jisimmu | awit isih prasaja | kuping netra cangkêm maksih nyanuk-nyanuk | lir pitik nucuk conthongan | ati kapepetan budi ||

19. mripatmu kalingan padhang | pangrungumu kyai kalingan kuping | têmbungmu bae wus luput | mratandhani tyas mamak | muk-êmukan sumpêg barang èngêtanmu | sun wêlas yèn nora bisa | nampani wasita mami ||

20. 'ilmu iku dudu papan | dudu tulis dudu jarwèngsun kyai | dahat angèl mbudi 'ilmu | cakêping kawruh tama | prayogèngsun

--- 2 : 180 ---

sirèku luruwa guru | kang akèh dhisik supaya | bisa tampa kawruh mami ||

21. akèh kang kodhêng pamawas | linglung bingung nora bisa patitis | yèn durung akèh gurumu | têmah kurang têtela | têtelaning budi sasmita kang nglangut | ngalamat datan katara | rasaning Dzat kwula Gusti ||

22. Gusti wruh marang kawula | kawulane bisa wêruh ing Gusti | wus mangkono tyas lêstantun | ran têpêt janaloka | jiwa raga wus prasasat tanpa dunung | kanugrahaning Hyang Suksma | kagêlêng ciptaning ati ||

23. wus sirna patang prakara | irêng abang kuning kalawan putih | binuwang adoh tan ketung | budyambêk lêgawèng tyas | amancèrèt ngungkuli prabaning samsu | surya wulan sasadara | dadi kawulanta kyai ||

24. yèn sira yun 'ilmu rasa | rasaning tyas bênêr luput mangrêti | titi titahing tumuwuh | angèl wong ngaku Allah | apa manèh wong ngaku kawula ewuh | kaya paran patrapira | dadi Gusti dadi abdi ||

25. sirèku aywa sêmbrana | angukuhi mamèt warahing tulis | tan yogya lamun ginugu | sanadyan kitab Kuran | datan kêna ginandhulan warahipun | ngaraha sarjana mulya | di mulyaning ati titi ||

26. tatas ing kawruh sampeka | tarbukane saka pinikir-pikir | kira-kiranên kang cukup | mamèt daliling Kuran | upamine sira wruh wowohan dhuku | wit gêdhe dhuwur woh kathah | puniku kang bisa ngambil ||

27. têgêse yèn sira maca | Surti wulang kitab Kuran myang Tafsir | ingkang kongsi bangkit ngundhuh | manjing pancêring nala | kang dêdalan saking kuping netra konjuk | marang tyasmu kang nirmala | iku wong ngundhuhi wiji ||

28. sukur kang bisa sumêbar | mbabarakên mijèni wuta tuli | sumambung tumrah ing pungkur | kacrita kajuwara | tumêngkaring turun sapta maksih kombul | tumular cakraning dunya | sampurna pakaryèng sandi ||

--- 2 : 181 ---

29. punika tyas Suksmantaya | anyrambahi sajroning bumi langit | padhang trus praptèng sap pitu | tanpa kacakrabawa | saking dene gumulunging budi nglangut | tan ewuh dadi kawula | gampang kang angaku Gusti ||

30. wruh wajibing Hyang kawula | luwih manèh solan-salining budi | atining manusa lêmbut | kang ewuh-ewuh wikan | midêr ing rat buwana bisa kacakup | tan kewran gumlaring dunya | rèh wus ganêp nganggo pikir ||

31. kirane swarjana tama | kotamane wus ganêp nganggo budi | binudi dununging kawruh | kudu wruh kasatmata | nganggo kuping kinèn ngrungu barang catur | nganggo cangkêm kinèn ngucap | ywa ngawur kuwur ing pikir ||

32. pikir kang durung waspada | pêtêng bawur sêmang urip lan pati | Wauwa kaya awakmu | kang kurang panggraita | wus adate santri amung karêm turu | mêlèke mung yèn sêmbahhyang | yèn wus salat datan nglisik ||

33. tan pisan mamrih ywanjana | nuksmèng tama basukyarjaning urip | yèn micara pating crêblung | lir canthoka nèng toya | pra sarjana kodhêng nora bisa krungu | rèh ucape tanpa wit pang | uwoh gabug tan ngunfhuhi ||ngundhuhi.

34. muwus dalil nunjang-nunjang | sring sulaya ma'na lafalirèki | wus mangkono yèn pring suwung | kumêndhung isi barat | tur tan ngrêti marang dunungirèng suwung | kumêthak yun 'ilmu rasa | pangulu sira puniki ||

49. PocungTeks asli: Pucung.

1. sêkar Pucung Wauwa sangsaya kenyut | jarwaning Srênggala | ing tekad murtining 'ilmi | sru krêpana nor raga minta widayat ||

2. minta kawruh mangkana sabdèng pangulu | dhuh anak manira | awèh tan awèha apti | muruhita wijange kawruh punika ||

3. kang saèstu yèn wus tampa iku 'ilmu | bakal sun pêpuja | mantêp têtêp ing pamuji | Sona ngguyu sarwi nabda sira paman ||

4. iku luput lamun sira nêdya nggayuh | putus tyas caksana | jarwaning guru kang luwih | aja sira enggal-enggal amarcaya ||

--- 2 : 182 ---

5. ingkang baut tuturing guru tan nggugu | nanging datan nacad | yèn durung wêruh pribadi | bênêr luput guru atimu priyangga ||

6. kudu-kudu gurumu dhewe kang putus | tampa saking karna | tampa saking netra manjing | surti titi sarjana murti wêweka ||

7. wêweka gung kagêlêng pathining kawruh | tumraping ngagêsang | kasangsang madyaning bumi | pasthi tatas dayaning pikir raharja ||

8. wus tumêmpuh campuh jumalaning kawruh | nir dama tyas mudha | cakraning wardaya wêning | bisa gawe ana bisa gawe sirna ||

9. iya iku ati budi ingkang cukup | sajarwaning liyan | yayah midrawa ing budi | wruh ing daya panguwaling karna netra ||

10. sira ayun amêmundhi marang kawruh | lamun durung wikan | panguwal dayaning ati | catho-catho cotho wêdharing wicara ||

11. kang dadya wus wasesa sêmune luhur | tan darbe sandeya | kumpul lan para priyayi | wruh lungiding basa lêlèjêming netya ||

12. bisa ndulu sawiji-wijining wujud | jroning pasamuwan | kang pantês putus ing wèsthi | wus kacakrabawa lir kaca prasana ||

13. têrang têrus atining liya kadulu | ulah kasarjanan | mring wicara kudu uning | goroh-yakti tinarbuka kasatmata ||

14. lamun durung wêruh mangkono pangulu | ywa ge muruhita | nampani 'ilmu ingkang writ | bokmanawa bingung nora bisa tampa ||

15. kawruh iku kanggo sajêroning idhup | ngadhêpkên kaanan | wruh adhêping mukswa titi | jarwaning wong mati urip anèng sira ||

16. ki pangulu nguswa paduka lan sujud | dhumatêng sang Dwija | swanita tinuras mijil | dhuh anakmas kadi pundi sariramba ||

17. tanpa kawruh sacuwil kewala ulun | gandhulan kawula | sirna ênting kocar-kacir | kèhing 'ilmu kawula paduka buka ||

18. mawut-mawut sacuwil tan wontên kantun | dhuh sang Dwija Wrêka | wêlasa mring amba mugi | winijanga bundhêle manah kawula ||

19. ting panjêlut ruwêd mawur-mawur kuwur | kawula tan merang | mèt warah paduka yêkti | datan mantuk yèn paduka tan sung jarwa ||

20. nakmas sampun njarêm tumanêm ing kalbu | nir budya di tama | tan rumasa darbe 'ilmi | muhung bodho bêlilu gêsang antaka ||

--- 2 : 183 ---

21. dhuh Sang WrêkuWrêka. kawularsa amanguyu | nyantrik Suracala | ing dunya tumêkèng akhir | Dwijawara mangkana lunturing sabda ||

22. ki pangulu sadarpa ing pamintamu | sobaning dyatmika | nur hidayat cipta êning | sun cobane kyai mêngko tampanana ||

23. nanging yèn wus nampani sirage mundur | mring radya tutugna | ngêmbat karyaning nagari | dyan rinangkul ki pangulu pasang karna ||

24. pardyèng 'ilmu dangu pangikêting tutur | jumênênging Allah | lan rasul-rusuling jisim | pamijange Srênggala têmbang Girisa ||

50. Girisa

1. kang murba masesèng siswa | katara rasaning hoswa | pyuh pukiran Siwahboja | subrata tantara masa | nuksmèng khayat pancadriya | kadumuk-dumuk pramana | lambang pasêmon wus cakra | deyarda wanda têtela ||

2. dwi sinipat têpêt mulya | janalokaning sasana | tapa dyatmika niskara | krana iradat tan ana | sêdya nir wrêdyèng rahsarja | wanita priya kabrastha | islam kapir tanpa daya | padhêming khayun kadriya ||

3. driyarda dayabu bagya | Wisnu Krêsna kidulwija | hyun kakasini samantra | dur sasana sana mulya | bagena êmbuh pinangka | tar lèn sangkaning pragnyana | pucat nayana sakala | wiryawan basa Sangkrêta ||

4. maladi wênganing budya | tarpatanpa. cêdaning wikara | arda kinastawèng jarwa | -nirèng alkamdulillaha | sananya panjrah ing graja | midran sakojur malêngka | kanang drasthi kang wiwaha | bismillah 'Arabi puja ||

51. PocungTeks asli: Pucung.

1. ki pangulu wus tampa musthikèng tuduh | duhkitèng tyas nrawang | lir barliyan têmpuh rawi | kanang nala nirmala mêmalad sabda ||

2. wus kacakup ing pathi rasaning idhup | têpêt antakarja | ayuning yuwanèng ati | tanpa kira wus nora kacakrabawa ||

--- 2 : 184 ---

3. pungun-pungun gêgêtun dènira ngundhuh | tumanêming nala | ragatma dalan kawadis | marang kadim wujud khak kiyasmulkodrat ||

4. wus sumurup tanpa daya khayat khayun | antaka muksarja | lir pinêcat jiwèng urip | panganyutnya suka sukur sabilu'llah ||

5. lalu liwung Wauwa tampa wulangun | sênên sana sumrah | midêr-midêr mracihnani | munggah mudhun tumancêp kulunging nala ||

6. wruh ing suwung takbirratu'lekram lan nur | têrang tanpa guna | tan manjing isi tan sêpi | yakti sêpa sêpi yèn durung pratela ||

7. têtela wus luluh pratamaning kawruh | lagnyana dwi angga | têmpuhing mandaya kalih | sahir kabir kababar tan mawa masa ||

8. ki pangulu nirdeya manrang pakewuh | kamotan sasmita | pathining sarkara murti | padhang nrawang katuwawa lir supêna ||

9. dadya èstu kasidaning budi cukup | sangkan mulyèng paran | wus tan nêmbah rupa angin | datan muji marang sifat wujud asma ||

10. datan suwung maring nur mukhammad palsu | tan mamrih mangeja | wantah manjing rahsa suthik | mring pratima pancêring nala tan arsa ||

11. sorogipun surya crêmin tan ginugu | myang wujud wayangan | kang wênês warnane putih | wus binuwang rèh gawe ribêding gêsang ||

52. Gambuh

1. gambuh surasèng tuduh | ki pangulu dhinawuhan mantuk | kinèn matur prasaja patrapirèki | dènnya ulah pudyèng kawruh | aywa kongsi ilon-ilon ||

2. Wauwa matur nuwun | dhuh sang dwija dahat amba pemut | sampun nggajah êlar dhumatêng dyan bèi | prayogi kawula sèstu | damêla inah kemawon ||

3. sajêroning tri taun | karsa botên karsaa ki guru | amung karya sintru sêngadi tan apti | Srênggala wus tan sumaur | Uwauwa mundur alon ||

4. wus lêpas lampahipun | samantara pangulu cumundhuk | Radèn Bèi Amongpraja tannya aris | hèh paman paran lakumu | dènta kumisi lêlakon ||

--- 2 : 185 ---

5. asu kang karya dudu | Uwauwa mangkana kang atur | adhuh Gusti kawula sampun kapanggih | ing Suracala kang dhukuh | Sang Dwijawara Sagawon ||

6. nulyamba amaguru | ing sasmita rasa kang ginêlung | marma tuhu pun Sona caksanèng 'ilmi | lamyamba tumitah idhup | dèrèng uning lir Sagawon ||

7. cakêping kawruh cukup | sasampuning amba sinung tuduh | winruhakên ing tirta nirmaya adi | gèdhèg sutagnyarja wuru | warahe sadaya cocog ||

8. mêmêt anglamat nyamut | nglangut kadya kridhanirèng ênur | cahya ingkang tumêmpuh tikswaning ati | nulyamba dhawuhi mugud | cangkriman gangsal kawiyos ||

9. pamêcahipun turut | winijang-wijang tan mawi sintru | malah netah mring amba kang dakik-dakik | dados sukanirèng kalbu | tarêcêp kacup acocog ||

10. marma ngiyas pukulun | pinasthèkkên kawula tan nggayuh | dyan winêdhar lêrês kawula datan wrin | kodhêng dèrèng sagêd pangguh | jarwa maksih amba batos ||

11. ulum pungsêng ing kalbu | awit dalil Kuran watonipun | dèn muradi asma musamaning pati | kang patitis ing pandulu | amba ugi maksih kêpon ||

12. Wauwa dènnya matur | bab pangêcup cangkriman agalur | mring dyan bèi purwa madya puwara nis | tandya kawula dhêdhawuh | timbalan paduka katong ||

13. utusan wantu-wantu | Sona kèrida dutaning Ratu | kathah-kathah jarwa kawula mring kerid | nanging kêkah aturipun | panggah tan purun sumaos ||

14. kawula dahat gumun | sumêrêp Sona klakuwanipun | pamêdharing warsita di tama murti | mung amba wangêni mèstu | jroning tri warsa Sagawon ||

15. samana Kancil manut | kapieramên miyarsa atur | pamêdharing cangkriman tuhu patitis | dene bab wijanging 'ilmu | kang sinêngkêr tan kacriyos ||

--- 2 : 186 ---

16. dyan bèi ngandika rum | kaya paran paman prayogamu | ki pangulu munjuk bab punika Gusti | manawi rinodèng laku | owêl prayogi ingantos ||

17. rèhning tan karya rusuh | ciptanira mung musthi bab layu | datan pisan-pisan ngrêgonana adil | muhung mogok ambêguguk | punika sampun rinaos ||

18. eman kadibyanipun | ewadèntên yèn sampun tri taun | pênêtipun Sona katimbalan malih | winisudhaa ing lungguh | panêmbahanirèng sato ||

19. dyan bèi sabdanipun | bênêr nanging yèn wus têlung tahun | sun-timbali patêmon angadu lungid | apa gêgandhulanipun | ya ta gênti kacariyos ||Sambunge kamot ing Bagiyan III Pungkasan.

Sambunge kamot ing Bagiyan III Pungkasan.