Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kancil Kridhamartana, Tanaya, 1959, #126 (Jilid 3)

Katalog:Kancil Kridhamartana, Tanaya, 1959, #126
Sambung:
1.Kancil Kridhamartana, Tanaya, 1959, #126 (Jilid 1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1132.
2.Kancil Kridhamartana, Tanaya, 1959, #126 (Jilid 2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1133.
3.Kancil Kridhamartana, Tanaya, 1959, #126 (Jilid 3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1134.

Bagiyan saking kalêmpakaning pinanggihipun sêrat-sêrat ingkang sumbêr aslinipun sakawit saking gêgubahanipun ingkang pinudyasma Radèn Panji Natarata ing ngajêng panji Dhistrik Ngijon Nayugyakarta,Ngayugyakarta. lajêng salin Nama Radèn Sasrawijaya.

A KANCIL KRIDHAMARTANA

Bagiyan III Pungkasan

--- 3 : [0] ---

KANCIL KRIDHAMARTANA

Anggitane Radèn Panji Natarata ing ngarêp Panji Dhistrik Ngijon Ngayugyakarta, banjur salin nama Radèn Sasrawijaya Ngayugyakarta.

Saka sastra Jawa kasalinan sastra Latin dening R. Tanaya.

Têdhakan Almanak H. Buning, Yogya.

Tahun Masèhi 1909 - 1910 - 1911.

--- 3 : [0] ---

Sandi Asma: ing Bêbukaning Pangikêt Gita: Radèn Panji Sasrawijaya ing Ngayugyakarta ingkang mangikêt gita, sampun kaêsahakên dhatêng para paramèng kawi Kangjêng Pangeran Sasraningrat kalih Ki Padmasusastra tiga Radèn Pancakrêtarta sami siswotama.

Carita: Pralambang ulah-bawaning ngaurip ing nusa Jawa, sajroning jaman Angkara Murka, kang kapetung wiwit tumapake ing taun Sangkala: sirna wuk pandhita ji: 1700.

Tamat pangêcape: Sampun tamat caritaning Kancil, dintên Sêtu Kliwon, Mulud Wawu pitulas tanggale, angka sèwu wolung atus tuwin, kawan dasa siki (1841), ing pangêcapipun. (Taun Masèhi 1911).

Almanak H. Buning, Yogya.

--- 3 : [0] ---

ISI BUKU IKI

Bagiyan III Pungkasan

... Kaca:

Prakarane Kuwuk madêg dadi paguroning para sato nganti tumêka dirampungi karampunganing pangadilan praja Gêbangtinatar ... 187

Sang Dwija Wrêka ing dhepok Guwa Suracala para muride jinarwan 'ilmu kang nyata ... 207

Sang Kancil Amongpraja karo para nayakane ngrêmbug ulah-bawane Sang Dwija Wrêka nuli anduta Banthèng marang Suracala ... 210

Patêmone Banthèng karo Sang Dwija Wrêka ana ing dhepok Suracala ... 214

Banthèng ngaturi Sang Dwija Wrêka karsaa têtêmon karo Sang Kancil ana ing Parang Êndhog ... 217

Patêmone Sang Kancil karo Sang Dwija Wrêka ana ing Parang Êndhog ngadu kawignyan ... 219

Panguman-umane Sang Kancil akèh-akèh marang Sang Dwija Wrêka ... 220

Sang Dwija Wrêka ngajokake patakonan nêm pasal supaya dijawab Sang Kancil ... 225

Sang Kancil kajudhêgan banjur nalangsa marang Sang Dwija Wrêka ... 231

Sang Dwija Wrêka karsa kaboyong Sang Kancil banjur bêbarêngan marang Gêbangtinatar ... 233

Sang Kancil Amongpraja anjunjung Sang Dwija Wrêka linuhurakên asma Panêmbahan Juruwarta ... 234

Sang Kancil minta jarwa têrange 'ilmu sajati Sang Panêmbahan anjarwakake 'ilmu pêpingitan Sang Kancil bisa nampani kalayan waskitha ... 235

Sang Panêmbahan Juruwarta banjur narbuka jawabane patakonan pasal sapisan ... 242

Jawabane patakonan pasal kang kapindho ... 245

Jawabane patakonan pasal kang kaping têlu ... 248

Jawabane patakonan pasal kang kaping pat ... 249

Jawabane patakonan pasal kang kaping lima ... 252

Jawabane patakonan pasal kang kaping nênêm ... 258

Kuwuk linuwaran saka siksane ing pambuwangan banjur winisudha dadi Buyut Tuwanggana ... 269

Tamating caritaning Kancil Titi-masaning pangêcap ... 270

--- 3 : 187 ---

Prakarane Kuwuk madêg dadi paguroning para sato nganti tumêka dirampungi karampunganing pangadilan praja Gêbangtinatar

53. Gambuh

1. wontên sajuga Kuwuk | nguni dupi katêmu lan Asu | wruh klakuwaning Sona nganèh-anèhi | bab tekadira ing kalbu | wuwuse kang wus kawiyos ||

2. nanging durung maguru | lagya lambang pasmon adu wuwus | pambêkane wus bangkit yayah Wrêka di | putus sarasaning 'ilmu | Kuwuk dadya guru kawroh ||

3. maritkên mêdhar 'ilmu | sato kewan kanan keringipun | muruhita ing sasmita lir ing pati | mangkana 'ilmuning Kuwuk | methok yèn ngaku Hyang Manon ||

4. uga mogok mbaguguk | ngutha-waton tan arsa umèstu | mring parentah ngowahi pranatan kang wis | rina wêngi nggunêm 'ilmu | ngêdhagakên rundha patrol ||

5. dene tekading Kuwuk | ingsun iki Allah Kang Maha Gung | nora ana sajatine Maha Suci | kawêngku ana ing aku | Gusti kawula wus awor ||

6. kèhing murid gumrudug | mèstu ing tyas pamardining kawruh | lamun mijang yèn malêm Jumungah wêngi | ragad sarat masrutipun | srikawine rupa babon ||

7. singa ingkang malêbu | nganggo atur-atur babon têlu | putih mulus dhara-dhara dèn sênêngi | sêmat mori têlung kacu | muslim cap dhuwit kang kanggo ||

8. rasulan ambênganipun | akèh kiwa têngên pitik lêbur | dene ingkang muruhita Cèlèng Babi | Luwak saanteronipun | bangsane kang doyan babon ||

9. saya mantêp si Kuwuk | ing pamardi ginugu tiniru | rêrubane sêmat pitik mori muslim | kontap kasumbagèng catur | Kuwuk yèn 'ilmune moncol ||

10. Kuwuk kukuh angaku | Allah Mukhammad Rasul dhinaku | dadya akèh lênglêng kang kandhuhan brangti | samana katur ing ratu | yèn Kuwuk mangutha-waton ||

--- 3 : 188 ---

11. awit edaning Asu | majênunlah ing puji amêngku | mêmêt umêting napi isbat kapusthi | Kancil kagyat dupi ngrungu | wartaning Kuwuk mangkono ||

12. samana ki pangulu | aparentah kêtib kinèn mlaku | kang wus putus ing syara' tataning dini | kêkalih Lingsang Rase wus | pratamèng kawruh sajatos ||

13. saking wulanging Asu | sira Rase Lingsang mangkat gupuh | mring wismaning Kuwuk kinèn animbali | samantara wus kapangguh | dwi kètib Kuwuk tannya lon ||

14. Rase Lingsang sirèku | têkèng kene lah apa sêdyamu | Rase nabda ingsun dinuta ing khakim | wus têrang dhawuhing ratu | Kancil Amongpraja kinon ||

15. nimbali sira Kuwuk | kudu barêng lan salakuningsun | Kuwuk nyêntak maring caraka kêkalih | hèh Lingsang Rase wuwusmu | tanpa tatakramaning wong ||

16. sun iki mung nênungku | muja mantra tan pisan ndhêdhaku | tan kabawah dening Amongpraja Kancil | mung Allah Kang Maha Luhur | anèng kene wus mbagogok ||

54. Asmaradana

1. kasmaran duta sun iki | datan nêdya ngawulaa | mring sapadhanirèng sato | nora ana ingkang mrentah | kajaba Suksmantaya | rina wêngi ingkang kumpul | imbal wacana lan ingwang ||

2. puniku kang sun èstuti | barang solah-bawaningwang | ingsun sarah sakarsane | Gusti kang murwèng rat raya | wus nuksma ngejawantah | anèng pancêring kalbuku | hèh duta sira tutura ||

3. lingsang Rase tanpa pamit | undure samya plarasan | datan kacrita lakune | samana wus praptèng praja | laju sowan kewala | mring ki pangulu umatur | ing purwa madya wusana ||

4. kagyat Wauwa duk myarsi | yun panggya adu sasmita | samana wisata age | wus pinanggih lan Wilpusa | kang nuju nggunêm rasa | pangulu salam 'alekum | kuwuk 'alaikum salam ||

--- 3 : 189 ---

5. wusnya kramaning basuki | Wauwa dhawuh mring Brewa | hèh Kuwuk praptèngsun kene | sira tinimbalan prentah | yèku Sang Amongpraja | barênga lawan lakuku | Kuwuk sru sumambung sabda ||

6. wauwa ingsun tan arsi | nora kabawah kaprentah | nèng bumine Allah dhewe | kale Allah mungguh ingwang | iya sun Rasulu'llah | ingkang mêngku khayat khayun | mangani lan ma'nawiyah ||

7. myang sulbiyah wujud mami | tuwin kang sifat napsiyah | têtêp rongpuluh cacahe | sun ringkês dadya sajuga | têmahan jênêng ingwang | ingkang mêngku Dzatu'llahu | ki pangulu kipa-kipa ||

8. lah Kuwuk ingsun nêdya wrin | pêcahên cangkriman ingwang | paran mungguh tarbukane | cacahe têlung prakara | lah mara têgêsana | ngêndi panglindhunging kalbu | yèn têka dayaning apa ||

9. yèn lali nyingkir mring ngêndi | kang kaping kalih cangkriman | panrima ngêndi ênggone | dene ingkang kaping tiga | priye kumpuling rasa | makame dumukên Kuwuk | yèn nyata mukmin utama ||

10. bakal sun aturkên maring | Radyan Bèi Amongpraja | Sugriwa pasrangkarane | kyai sun tan bisa mêca | nora luwih sadaya | cangkriman ingkang kawuwus | datan adoh badan ingwang ||

11. mangkene mangkono mami | aja manèh kang cangkriman | gumêlaring jagad kabèh | kagulung ing jênêng ingwang | Allah Mukhammad Rasa | iku kabèh ananingsun | dene wijange mangkana ||

12. rasul rasaningsun yakti | Mukhammad wujud manira | rasul tingkah-polah ingong | Allah jumênênging napas | angên-angên minangka | pêpatihira Hyang Agung | kang kuwasa tanpa krana ||

13. ingsun kaprentah pribadi | maring kang masesa ingwang | mêngko Si Kancil sêdyane | ndhawuhkên dir kumawawa | marentah mring sasama | apa gêgandhulanipun | lah kyai sira wêcakna ||

14. pangulu sumambung angling | hèh Kuwuk aja mangkana | Kancil Mongpraja tandhane | kabèh kewan wana arga | angidhêp nganggêp nata | saka kumpul kuwatipun | ingkang gêdhe-hêdhegêdhe-gêdhe. rosa ||

15. rêraton wajibing urip | natasi sukêrtining rat | ingkang tan kaprah lakune | kang mbêguguk kaya sira | wus dene ngaku Allah | patakon sun warna têlu | sira nora bisa mêca ||

--- 3 : 190 ---

16. yèn ngaku Allah sirèki | yakti ingkang gaib wikan | mangka sira nora enjoh | mung tansah marid mêmulang | rina wêngi kumpulan | nyinthung nglakokake palsu | singa mara nggawa ayam ||

17. nora bosên pating klêsik | ngêdhakkên patrol parundhan | akèh kang nekad dadine | suda wêdine mring prentah | nggêmpalkên têntrêm tama | saka panggawemu Kuwuk | iku kang uwis têtela ||

18. apa sira tan mangèksi | ing anggêr pranatan anyar | khukum pulisi arane | ordhonnasi ping limalas | Juni taun Walanda | angka sèwu wolung atus | pitung puluh ro sêtatblad ||

19. angka satus sawêlas wis | winuryan ing têmbung Jawa | tuwan Wintêr suwargine | mamrih netah punggung mudha | jroning pasal ping tiga | bab kapindho paring pemut | nora kêna kêkumpulan ||

20. dene pasal kaping kalih | bab têlu likur jêjarwa | sing sapa kang wani mogok | datan manut ing parentah | ing wong kang antuk lilah | wusana sirèku Kuwuk | tan anut pranatèng praja ||

21. kang aran anggêr pulisi | akèh ingkang sira langgar | dene lakunta mangkono | lah ta apa lali sira | undhang kang kabyawara | ing satanah kene Kuwuk | têtêp wus tan bisa singlar ||

22. lan sira ngapusi |Kurang dua suku kata: lan sira aywa ngapusi. 'ilmu linirikkên sêmat | iku 'ilmu apa bae | sanadyan kawruh kang nyata | yèn nganggo mamèt ruba | mori muslim pitik têlu | iyèku dubillah setan ||

23. setan manuksmèng idajil | dajal la'nat kaya sira | têtêp yèn 'ilmune goroh | Mukhammad Rasul nèng sira | pangrasamu wus pana | tan wêruh kalamun tawur | kuwur kurang ing sasmita ||

24. angên-angênmu sirèsthi | pêpatihira Hyang Suksma | napasira Maha Manon | kaya guru Panaraga | kang putus napi isbat | lan manèh kang padha nggugu | pikir ingkang kaya sira ||

25. tan wun katiwasan pasthi | badanmu kang bakal nyangga | ati tan ana siksane | kajaba badanmu Brewa | kang anampani siksa | wit pambujukmu kasêbut | anggêr khukuming Nèdarlan ||Nèdêrlan.

26. dene khukum syara' muni | sapa kang ngaku Pangeran | tan wurung pinothèng-pothèng | pinatèn tan lumrah kathah | awit cêgahing syara' | lah elinga pituturku | mumpung durung kalampahan ||

--- 3 : 191 ---

27. gêtuna durung nampani | yèn sira bakal sarjana | dunya praptèng akhir kanggo | ngratuwa khlifahing Suksma | pêpakuning buwana | panatagamaning rasul | yeka Kancil Amongpraja ||

28. angidhêpa lair batin | pranatane kang wus komram | gumlar cakraning rat mangke | kongsi praptèng praja liyan | pracihnaning sinihan | ing sasami-sami suyud | mring Kancil kang susilarja ||

29. purwarja têntrêming bumi | guwa guthaka myang jurang | gunung lêlêngkèh pêpèrèng | alas rancah tarataban | wus katêkêm sadaya | natasi dursilèng laku | sinakolah budi darma ||

30. supaya mulya tyas wêning | ngambar-ambare utama | kotamaning tyas yêktine | winruhkên budyambêk santa | doracara kabèngkas | têkèng mangke wus tan cukul | dadi ayuning buwana ||

31. marma sira sun jarwani | supaya atimu aja | kalurung kaya mangkono | awuning lupiya kuna | pira-pira kapêksa | kataman ing khukum dudu | apa sira tan miyarsa ||

32. pawarta kang wus waradin | lumêbu ing layang kabar | Kancil Amongpraja moncol | kongas kasumbagèng jana | mancasi doracara | lêbur têmahan rahayu | ing dunya akhir jinaga ||

33. Kuwuk wus datan mraduli | marang jarwaning Wauwa | kang tansah kukuh pikire | ngantêpi ngaku Pangeran | tan miring tan pramana | sigra mundur ki pangulu | dhumatêng Gêbangtinatar ||

34. ing marga datan winarni | wus sowan mring Amongpraja | kyai pangulu ature | adhuh dewaji patikbra | sampun ngatas wikara | pinanggih lawan pun Kuwuk | abên surasa sasmita ||

35. kawula purih njarwani | cangkriman tigang prakara | pangêcupipun sumpangso | botên sagêd têtela trang | ngawur nasar ing syara' | têtêp Kuwuk ela-èlu | kèlu Sang Srênggala Dwija ||

36. nanging dahat tan patitis | datan wikan ing wêweka | nadyan 'ilmu botên enjoh | suprandosipun mampulkun | kathah kang asung ruba | sintên-sintên kang maguru | angsung sêmat mori seta ||

37. têmahan mbaguguk sami | prasasat punika kraman | angêdhagkên rundha patrol | sampun tan mawi pratelan | saking pangintên kula | datan sae dadosipun | adating kina-makina ||

--- 3 : 192 ---

55. Dhandhanggula

1. ndhandhang risakipun kang nagari | awit saking janma pakumpulan | 'ilmu paguron lakune | kathah pra manca sayuk | watak wantunipun ingaji | anggêpipun kuwasa | dadya kondhang kidung | tumular pangalêmbana | katêmahan kang bodho purun ngantêpi | karya risaking praja ||

2. Amongpraja Kancil duk miyarsi | aturira pangulu Wauwa | yun tinindakakên age | tumulya adhêdhawuh | marang Banthèng sang nindyamantri | saha jaksa Dirada | kang kinèn angrêmbug | nuli wadananing jaksa | animbali marang Garangan kêkalih | lan Luwak catur prapta ||

3. tinalènan linêbêtkên buwi | Luwak sakawan kalih Garangan | samya dahat gêgêtune | kabèh tan antuk turu | datan boga ngombe tan arsi | anèng jroning kunjara | tan kurangan sêkul | nanging yèn wong kasusahan | sumpêg pêtêng ing budi ngranuhi sêdhih | dupyantara rong dina ||

4. winêtokkên saking bluwèn kanthi | pinusara tumbak canggah ngayap | mring pajaksan lir adate | mabukuh saos ngayun | nulya jaksa pasrangkara ris | hèh Luwak lan Garangan | apa prakaramu | dene sira tinalènan | klêbèng sêpir blakaa bae wong bêcik | matur Garangan Luwak ||

5. dhuh bêndara kawula tan uning | tinimbalan ngarsaning parentah | linêbêtakên ing buwèn | dèrèng wrin sababipun | kalih dintên tansah ngrêrintih | têmah amba kapriksa | ing prakawisipun | sèstu kawula tan priksa | radèn jaksa ngandika sira dèn buwi | nagara mirêng warta ||

6. sira padha mbaguguk tan apti | anglakoni wajibing padesan | rundha patrol kamêsthène | kumpulan siyang dalu | pating klêsik mulangkên 'ilmi | akèh kang karusakan | rèh pitik kobujuk | nyinthungi babon kang dhara | sirapusi liniru catur kang sêpi | sêpa kang tanpa nyata ||

7. turturtutur. ngayawara wuruk eblis | sira sêdul ganjaran akhirat | sarupaning bodho kabèh | padha kèlu anggugu | anggandhuli rèh

--- 3 : 193 ---

tanpa budi | wit ujarmu nyaarkara |Lebih satu suku kata: wit ujarmu nyarkara. watêke wong dhusun | nggugu mring crita kang mokal | nulya Luwak lan Garangan matur aris | adhuh kangjêng parentah ||

8. tan rumaos kawula yèn marid | bab kumpulan inggih èstu ndara | pun Kuwuk kang miridake | mangkya jumênêng guru | kang ginêga jarwaning 'ilmi | kawula saha kanca | mung sami maguru | muruhita bab kamuksan | kapundhutan sêmat babon mori muslim | katampènan pun Brewa ||

9. rèh pun kula ela-èlu kèli | lalu luluh tumanêm ing jiwa | winulang 'ilmu patine | Kuwuk kang dibya tuhu | ulah sangkan-paraning pati | pati patitis dahat | jroning urip wus wruh | dene rundha patrol tanpa | awit kyai guru kang sampun ngidèni | tan suka manut kathah ||

10. bumi langit wus kadarbe kami | makatên warahipun mring amba | dhuh bêndara kula mangke | pinidosèng pakewuh | malbèng sêpir tinaligoci | linglung bingung tyas amba | sumpêke kalangkung | datan wande manggih siksa | radèn jaksa pasrangkara ngarih-arih | hèh ta Garangan Luwak ||

11. lan blakaa bae sun tulisi | apa 'ilmuning Kuwuk aturna | myang wêjangan sakabèhe | supayènthèng awakmu | rol pulisi dumadi saksi | nadyangnadyan. munggaha landrad | yèn blaka aturmu | besuk sirantuk ganjaran | lakon sapal mênyang mulih tampa dhuwit | rong kêthip ran pituwas ||

12. sira Luwak catur datan apti | matur blaka dhumatêng parentah | bab wijangan sabarèse | ngaku datan maguru | nulya Luwak sinêpir malih | linêbokkên kunjara | rèhning datan ngaku | muhung Garangan karweka | matur blaka tumulya sinawung tulis | mangkana wijangira ||

13. dumununging badan kawulèsthi | liripun Allah napas kawula | rasul rasamba yaktine | Mukhammad dunung wujud | dene angên-angên lan pikir | punika kang minangka | patihing Hyang Agung | dene benjang yèn wus masa | têkèng jangji wontên tandha kang kaèksi | warni pitung prakara ||

--- 3 : 194 ---

14. nulya angên-angên nggulung angin | napas kawula têmbe dèn ikal | prasasat angikal lawe | yèn lawe sampun puput | angên-angên umijil saking | githok kula punika | jumênêng Hyang Agung | mratani ing sabuwana | ing sakarsa-karsa manira pan dadi | têtêp badan Suksmana ||

15. sirik lamun ingaranan pati | saèstune mung ngalih panggènan | gêsang langgêng salamine | sakarsa khayun tutug | tanpa petang ing dintên akhir | kiyamu sifat baka | kanjan mukmiyanu | sampat sanyataning laya | suptèng pati kang patitis dèn kawruhi | kadriya tanpa masa ||

16. criyosipun ki guru ing kami | wajib atasing sato caksana | milih sakarsa-karsane | kang sampun katur wau | wontên warah amilih malih | sasênêng-sênêng amba | rèh kagungan ulun | tan wontên Gusti kawula | lamun nêdya umanjing ing rasa kenging | tumanggal mring manusa ||

17. têtêp nuksma jumênênging wadi | madi mani manikêm tumanggal | bayi putraning Pamase | dene yèn arsa nusup | panêngêran badhe kaèksi | wontên pancêring netra | kagèhan kadulu | akathah piwulangira | ingkang wados tuwin sirikanirèki | sumangga atur kula ||

18. jaksa nabda mring Garangan kalih | bab wijangan kang mangkono iya | 'ilmu ingkang wadi kabèh | apa Kuwuk wus wêruh | lan apa wus tau nglakoni | pribadi kang kadyèka | yèn wus tau wêruh | myang sira dhewe wus wikan | kanyataan sigra kinèn anulisi | nèng pêrklaring paturan ||

19. wus tinulis dening juru tulis | yèku Anjani lawan Pragosa | rahadragad. sarat lan 'ilmune | jaksa parentah gupuh | mring macanan kinèn nguculi | bandan Garangan karwa | Garangan sru nuhun | tumuli dèn irid sigra | dwi Garangan katur ing sang nindyamantri | lajêng sowan Mongpraja ||

20. tinupiksa punang srat pêrklaring | wusnya titi waspadèng pamawas | gancar pahaming nalare | mangkono wong pinunjul | lamun arsa mriksa prakawis | nalare kudu apal | yèn tan apal jiguh |

--- 3 : 195 ---

lingak-linguk nora bisa | lamun muwus numpangi kewala gampil | iya iku tyas cingkrang ||

21. seje lawan Amongpraja Kancil | yèn ana prakara kudu apal | wêruh bênêr pan lupute | iku yogya tiniru | aywa isin mèt warah Kancil | sanadyan kewan wana | nanging tyase baut | putus pamawasing netya | dene jurutulise uga wus bangkit | ngêtrapakên ukara ||

22. nulya nabda Radèn Bèi Kancil | marang jaksa hèh Amongpradata | si Kuwuk tarikên age | santosanana laku | aywa kongsi cabar ing kardi | yèn mogok uwisana | lunga konên njujul | lamun lara ginotonga | kang ingagnyan sandika nulya anuding | kapêtêngan macanan ||

23. ingkang samya kinèn animbali | Gogor Wrangas Macan tuwin Warak | gumrudug êlur lakune | watara wolung puluh | sangkêp tumbak canggah myang tali | tan winarna ing marga | samantara pangguh | Sugriwa lagi mêmulang | akèh para murid ingkang dèn warahi | Macan sêrêng wuwusnya ||

24. hèh pak Kuwuk têkaningsun iki | cinundakacinundhaka. ingkang kinawasa | masesani jagad kene | animbali sirèki | nora kêna mopo saiki | Wilpusa nabda sugal | hèh Mong sun tan ayun | nora rumasa kabawah | kaparentah kajaba Allah pribadi | kang sun gugu dhawuhnya ||

25. glis baliya Macan kang prayogi | sun tan arsa lamun sumiwia | Sima anggrêgut tandange | Kuwuk tandya tinubruk | wus kinuwêl ing suku kering | Kuwuk dadi sakluwak | tinalènan gupuh | dene para muridira | Babi Cèlèng kang nèng kono uga kerid | akèh ingkang karuna ||

26. pating glêro sora swarèng tangis | jalu èstri sambat-sambat pêjah | pating crêngèk para rare | atut pungkur ing Kuwuk | datan dangu wontên ing margi | praptèng Gêbangtinatar | Kêsari anjujug | pajaksan saha Wilpusa | radèn jaksa adhêdhawuh marang Dèbi | kinèn têrus sêpiran ||

27. dene Luwak Cèlèng tuwin Babi | santero tan klilan pinanjara | Kuwuk linêbokkên age | ing buwèn akèh pra dur | samya surak suka

--- 3 : 196 ---

ing ati | mangkono adatira | Kuwuk saya suntrut | awit kang nèng kono bungah | cêkakakan suka-suka ting jalêrit | wus watêking sakitan ||

28. Kuwuk kucêm ing netya rèh isin | nanging pisah tan winor ing kathah | mung suda karikuhane | tansah njêngêr anjêntung | sumpêk pêtêng budine gusis | kira-kirane brastha | nalar sirna larut | wus tan pisan nyipta gêsang | saking dene tinutup buwi asêdhih | tansah nyipta pralaya ||

29. dene sagung ingkang murid-murid | samya kèri tunggu nèng pajaksan | Luwak Babi tuwin Cèlèng | kumpul sila mabukuh | angêntèni dhawuhing nagri | sarta maksih jinaga | jinêman sêpiyun | sarayuda datan pisah | Gogor Wrangas Macan Kombang Tutul jagi | ri wusnyantara dina ||

30. kapariksa sarta dèn tulis |Kurang satu suku kata: kapariksa sarta wus dèn tulis. dènnya maguru marang Wilpusa | ragad sarat lan masrute | apa dene kang 'ilmu | tekadira ingkang kaèsthi | Babi Wraha prasaja | matur rèntès galur | ringkêsanirèng pamijang | yèn ing têmbe sakarsanira pribadi | cocog lawan Garangan ||

31. têrang têrus kamot ing pêrklaring | dhinawuhan Babi lan Andhapan | kinèn mulih mring wismane | amituhuwa dhawuh | rundha patrol kadya ingkang wis | prentahing lurahira | ing bab kaping wolu | anggêr Indiya Nèdêrlan | pitung dina sapisan repot pulisi | caranirèng padesan ||

32. lawan manèh sawatara ari | lamun ana dhawuhing pradata | seba landrad sira kabèh | sebaa yun pinutus | Babi Cèlèng umatur inggih | tuwin murid sadaya | wus kari lan mundur | mring wismane sowang-sowang | praptèng wisma sadaya samya mêmundhi | dhawuhirèng parentah ||

56. Asmaradana

1. limut brangtanirèng ati | Kuwuk nèng jroning kunjara | anggagas-gagas dadine | tumêmpuhing kasangsaran | kabênêran samana | kang nuju jaga ing ngriku | Lingsang Rase nirwikara ||

--- 3 : 197 ---

2. mrêpêki mring èmpèr sami | nginjên saka ing candhela | Lingsang Rase tannya alon | mring Kuwuk kang gung sungkawa | hèh Brewa paranbaya | dene ta sira tinutup | iba susahe tyasira ||

3. Wilpusa mangsuli ririh | wruhanamu Rase Lingsang | sun kêna pitênahing wong | dadi guru nora kêna | jaman mangke nagara | norantuk maridkên 'ilmu | sun durung sumurub warta ||

4. laju dèn cêkêl sinêpir | tur nyatane kawruh ingwang | mêmêt nyamut-nyamut Rase | parandene pinaeka | apa sababe Lingsang | tuduhna kluputaningsun | tan dosa klêbèng kunjara ||

5. lakune jaman saiki | dene tan kêna mêmulang | Lingsang Rase gèdhèg-gèdhèg | ho o dene Kuwuk sira | tan wruh tataning praja | kang wus maratani mashur | pranatanirèng nagara ||

6. wis tinêmbungakên Jawi | ordênnasi sêtatsêblad | nora kêna wong datan wroh | wus anèng margi prapatan | pira-pira cêgahan | lir klakuwanta kasêbut | dèn gantungi paukuman ||

7. prasan atiku sira wis | ingsun sira kabèh padha | winulang apa kêlalèn | tinuduhkên jarwa tama | pangajaran mulyarja | apa tan cumanthèl kalbu | dene sira tan uninga ||

8. awèh bae mulang 'ilmi | kawruh ingkang kaya apa | kang dakik-dakik kang anèh | ujêr tan mamèt rêruba | kaya patrapmu Brewa | yèn mêmuruk kanthi bujuk | mori moslim pitik dhara ||

9. mandhak nganggo ragad ringgit | akèh ingkang karusakan | tur nora ana nyatane | awit crita ngayawara | warahmu tanpa tandha | kokandhani swarga besuk | anggugu kang punggung mudha ||

10. sira dhewe durung uning | prandene wani wêwarah | wus pasthi yèn tutur goroh | dhêngêrmu mung kira-kira | sira anggêp wus nyata | saka pituturing guru | pinundhi pinuja-puja ||

11. tur kang nuturi wong urip | padha bae lawan sira | durung anglakoni maot | têtêp sira wong kasasar | mblasar ring kauripan | dadi klêbu wong mbêbujuk | tan sênêng marang raganta ||

12. ngrusak silakramèng bumi | lan manèh sira pêprentah | mring para muridmu kabèh | rundha patrol sira cêgah | angêdhagkên plapuran | ing mêngko sira kalêbu | kunjara ywa takon dosa ||

--- 3 : 198 ---

13. hèh bodho têmên sirèki | tan wêruh marang planggêran | apa tan sakolah biyèn | dene anane wus lawas | watara sèkêt warsa | praptaning saiki Kuwuk | gumêlaring pamulangan ||

14. apa sira tan mraduli | ngaji sastra Jawa 'Arab | nadyan umurmu wus akèh | kabacut sira wus tuwa | mung gêtun atinira | kang mangkono iku luput | jamake atêtakonna ||

15. ujaring kitab wong urip | wa 'amal 'alam murakab | iku lafal pardikane | 'amal iku iya sira | murakab tambah-tambah | nora ana êntèkipun | mundhak dina tambah karsa ||

16. nadyan kapintêran ugi | yèn pinarsudi ing sêdya | tabêri pasthi yèn enjoh | nanging sirèki kalenan | tan cukup ing agêsang | jalarane kurang wuwuh | ing kawruh murti sarjana ||

17. ciptanta muhung ngantêpi | 'ilmu sampurnèng akhirat | sampurnèng dunnya tan dahwèn | nora opèn pisan-pisan | mangkono wong katunan | dhêmên 'ilmu kang cinatur | ting klêsik lir adol setan ||

18. yèn ana wong seje murid | lir orong-orong kapidak | cêp klakêp mênêng tan ngoprès | lamun micara gumisa | lir prokrur Batawiyah | nanging wuwus tanpa wujud | Kuwuk wong kang kaya sira ||

19. apa manèh kumawani | nekadi ngaku Pangeran | Allah Mukhammad nèng kowe | Rasul rasanira Brewa | lamun mangkono mangkya | lah coba njaluka tulung | Allahmu kang anèng sira ||

20. enggala bisa nulungi | rèhning Kuwuk wus satmata | mring Pangeran panggonane | jamake wus sira puja | pasthi ngluwari bisa | aja manèh Maha Luhur | malekat bae kaprantas ||

21. ngrusak kunjara puniki | rong mênit kewala bubrah | akèh wong wêdi mring kowe | sun pasthèkakên Wilpusa | sira tan bisa luwar | rèhning salawase durung | na malekat nggawa dhongkrak ||

22. Gusti Allah nggawa linggis | kaya uga durung ana | rèh wus kodhaku wujude | lah mara nuli wêtokna | dikira napi isbat | isbatna supaya tulung | ngluwari saka kunjara ||

23. mulane wêruha kyai | 'ilmu ma'rifat akhirat | kang têmên nyamut jarene | lêmbut muluk lamat-lamat | tan bisa nanggung lara | nora bisa awèh ayu | ywa ngêndêl-êndêlkên sira ||

--- 3 : 199 ---

24. kawruhmu bisa nulungi | awèh sampurnaning gêsang | myang sampurnèng akhirate | akhir manèh yèn iyaa | ing dunya nora daya | iya yèn kaya Sang Wrêku | kang subrata Suracala ||

25. Swagnyana krêtarta murti | baut nambung saha mbengkas | ngaku mungkir putus njèrèng | ngatas wikara nirmala | maladi kang jinarwa | wicaksana nyamut-nyamut | murtyadi mandaya rêtna ||

26. lir narmada sarkara di | dining kanang kajuwara | kawêntar ring jagad kabèh | 'ilmune agal ngalela | kapriksa saya têrang | ingsun kira pamikirmu | mirib Sang Srênggala Dwija ||

27. ananging datan patitis | pêtêng gasruh nunjang-nunjang | ambrobos kacanthèl-canthèl | seje lan Sang Dwija Sona | kang anèng Suracala | nora ngayawara gasruh | pandhakunira prasaja ||

28. ngaku kawula nyukupi | yèn ngaku Pangeran limpat | wus rêjasèng jaba jêro | mlêbu mêtu campur juga | ngatas kararjèng puja | Tafsir awal akhir putus | kêmput sacakraning dunya ||

29. warata lir juru warti | locomotief Jawa koran | Sang Srênggala kotamane | tikêl sayuta lan sira | lan durung pisan mantra | dudu timbang lan kawruhmu | tan mèmpêr 'ilmumu Brewa ||

30. manawa wujuding pikir | napas bae sèwu gampang | Mukhammad Rasul njlêkèthèk | gumlèthèk cèndhèk-cèndhèkan | sira wus wani mêjang | yèn Gêbangtinatar iku | sabên kewan bae wikan ||

31. nora pisan dèn nggo wadi | rèh tan pisan melik ayam | yèn 'ilmu kaya mangkono | uga padha kinawruhan | nanging dudu larangan | ingsun nora jênêng guru | kang mangkono sèwu gampang ||

32. lah bok aja wani-wani | mijang patraping kamuksan | eman manawa katanggor | para murid Suracala | kang wus nirdyèng dyatmika | putus wikaraning kawruh | tamtu sira kathèthèran ||

33. hèh Kuwuk kapriye êndi | Allahmu kang kowor jiwa | anjaluka pitulunge | yèn nyata nèng dunya bisa | ing khirat uga bisa | yèn saiki tan têtulung | akhir manèh yèn iyaa ||

34. pikirên tutur sun iki | dudu ujar ngerang-erang | mung sajarwa sabênêre | lêbokna cakraning nala | lan malih sun awarta | sajati-jatining 'ilmu | sêsênêngan panganggêpnya ||

--- 3 : 200 ---

35. datan êndhèk datan inggil | jangji ywa melik rêruba | parentah nglilani bae | rèhning kawruh kabèh tanpa | nyata saksi tan ana | Cina Landa Budha Hindhu | bab akhirat tan pratela ||

36. mung Dwija Suracalardi | trang pamawasnya mring 'Arab | dalil Kuran pambudine | titi tètèh kasatmata | pangudining dalalah | bisa wruh isi lan suwung | marma kalane samana ||

37. ki pangulu manrang wèsthi | sinêdhahan karsèng praja | dinuta panggya Sagawon | sarta maringkên pralambang | cangkriman limang pasal | kacupan pangulu sujud | ngaras padane sang dwija ||

38. tur têtuwane ing ngriki | kang ambèngkas marang tekad | mukmin khas sêmbah pujine | prandene Wawa kasoran | adu rasa sasmita | mring Kancil Mongpraja matur | Kancil uga kawèdhêngan ||

39. saking judhêging pamardi | ing mangkya maksih rinêmbag | amung saking mbaguguke | tinimbalan ing nagara | yèku tan dadi apa | awit pamariding 'ilmu | tan pisan melik rêruba ||

40. seje lan sirèku kyai | idêr 'ilmu mrana-mrana | ngalor ngidul golèk babon | mori muslim tuwin sêmat | iku sababmu Brewa | cinêkêl laju tinutup | tunggu landrad prakaranta ||

41. Sugriwa dupi miyarsi | mring jarwaning Rase Lingsang | sadarpa gêgêtun tyase | mangkana sabdèng Wilpusa | Rase iki prakara | kawruh Kuwuk bubar larut | brêsih gusis tanpa tilas ||

42. kang kobuka pundhèn mami | yèn mangkono awak ingwang | luput anampani babon | pangrasaningsun wus lumrah | ing Yugya Surakarta | yèn wong anggêguru 'ilmu | nganggo pitik mori arta ||

43. kudu ingsun tibèng sêpir | wus pasthine awak ingwang | wong dadi guru ginêdhong | ing tanah Jawa tan kurang | sabên kewan wus tuwa | akèh kang dhêmên kawruhku | lamun nyata nora kêna ||

44. sun kira akèh kang blai | para guru Surabaya | sapangetan sapangulon | trus Batawi Bantên pisan | Rase sumambung sabda | yakti bae lamun krungu | nanging adate wong praja ||

45. golèk-golèk datan arsi | yèn tan ana ingkang gugat | kawarta rusaking akèh | nora praduli ing patrap | mangkono wong danurja | kang putus wasesèng khukum | salah bênêring prakara ||

--- 3 : 201 ---

57. Mijil

1. Sang Amongrat mijilakên budi | klairan kemawon | amancasi dursila sakèhe | tinetah mring tindak tama yukti | kayaktèn sanagri | tanpa laku dudu ||

2. 'ilmu akhir uga yèn binudi | dunya praptèng maot | yèn wus cakêp cukup pracihnane | winulangkên nora mamrih dhuwit | lir patrapmu kang wis | yèku babing luput ||

3. ingkang mangka kawruhmu tan titis | angawur tumpang so | gasruh bae tuna luwih rèmèh | romot-romotan anggêpmu mêthit | sajatine kodhig | kandhêg durung têrus ||

4. 'ilmuningsun kewala ngungkuli | tan dadi paguron | aja ingkang Wauwa 'ilmune | tikêl satus durung angiribi | wus dene Dyan Bèi | Amongpraja punjul ||

5. tikêl sèwu tinimbang lan mami | dene ta Sagawon | tikêl satus yuta watarane | sira Kuwuk saya mêlasasih | nangis mêmpis-mêmpis | kang wus klakon gêtun ||

6. nuli muwus nor raga ngrêrintih | mukane acêlom | kayaparan Lingsang wêkasane | besuk apa luwar ingsun iki | tan bêtah nèng buwi | Rase nambung wuwus ||

7. lah mênênga bae sira dhisik | ngêntènana êrol | nuli munggah landrad nora suwe | kawuwusa jaksa animbali | Kuwuk kinèn mijil | tinalènan gupuh ||

8. ing macanan tumuli dèn irid | mring jaksan sumaos | angêlob-êlob arang kêdhèpe | nulya jaksa nabda mring kang kêrid | hèh Kuwuk sun purih | ing katêmênanmu ||

9. kang prasaja kewala ywa kidip | kabèh kang kalakon | sira dadi guru maridake | 'ilmu apa kang siranggo marid | lan watonmu êndi | wali nabi kang wus ||

10. lawan apa ragadirèng murid | sarate santero | aturira Kuwuk datan barès | singlar dènnya wus nampani dhuwit | pitik mori muslim | datan dadya guru ||

11. wali-wali myang pinindi-pindi | Kuwuk kukuh mopo | lara nadyan tumêkèng patine | nyumanggakkên karsaning nagari | sawusira titi | aturaning Kuwuk ||

--- 3 : 202 ---

12. wus tinulis kamot ing pêrklaring | uruting pitakon | para saksi nginggil paturane | angka siji prosèsing kumisi | Macan Warak tuwin | Wrangas Gogor klêbu ||

13. nulya gugat saksi angka siji | sira Garangan ro | Luwak Salira padha bangsane | nulya Landhak Cèlèng Gênjik Babi | Luwak ingkang mungkir | kapat maksih tutup ||

14. mandhak dadi pasakitan awit | paturane mopo | tiniti-titi tan gêlêm barès | têtêp lamun wus saeka kapti | sakongkêlan sami | pambujuking Kuwuk ||

15. Brewa nuli kinèn bali maring | sêpiran ginêdhong | dupyantara lami pambuwine | pasakitan yun dèn rol pulisi | sigra dèn dhawuhi | dinane kang tamtu ||

16. kinèn sowan papriksan kriminil | samana ri Rêbo | dene ingkang minangka presidhèn | patih Kartipraja kang nyêpuhi | jaksa lan paralid | tindhihe pangulu ||

17. para saksi Cèlèng saha Babi | myang Garangan loro | pasakitan wus sumaos kabèh | dyan pinriksa saking siji-siji | cocog lan pêrklaring | tan siwah sarambut ||

18. sigra Luwak catur Kuwuk siji | maksih samya goroh | angandika Kyana Patih Banthèng | hèh Dwirada bab prakara iki | aran apus krami | sun tan kwasa mutus ||

19. munggah landrad besuk dina Kêmis | pamancasing kewoh | pasakitan lêbokêna manèh | mring kunjara tunggu sawatawis | sigra bubar sami | Luwak saha Kuwuk ||

20. binalèkkên marang jroning buwi | ya ta kacariyos | sira Luwak papat ingkang anèng | sêpir sami rêrêmbugan murih | ènthènging prakawis | kang sawiji muwus ||

21. hèh ta sanak-sanak besuk Kêmis | nèng landrad sumaos | padha blaka kewala yogyane | supayènthèng bisa manjing saksi | marmane sinêpir | bab tan gêlêm ngaku ||

22. biyên-biyên angakua sami | ora yèn ginêdhong | dhasar kandha sabênêr-bênêre | wusing guyub Luwak punang pikir | nuju malêm Kêmis | praptaning ri tamtu ||

--- 3 : 203 ---

23. ing sawêngi natas tanpa guling | Kuwuk Luwak ndhrodhog | dupi wanci pukul astha kinèn | mêtokakên pasakitan sami | wus tinali goci | Kuwuk Luwak wau ||

24. kajaga ing macanan miranti | lir adat kang klakon | sumaos nèng plataran rad gêdhe | sakabèhe saksi-saksi sami | dyan presidhèn mijil | jaksa lan pangulu ||

25. patih gripir uruting palinggih | sang presidhèn manggon | Amongpraja nèng têngah lungguhe | kiwanira kang nambungi gripir | pangulu tumuli | jaksa kang sumambung ||

26. têngênira predidhènpresidhèn. kang linggih | Banthèng nir pakewoh | Sima tuwin Manjangan elide | waspadèng tyas pamulating tulis | surasèng prakawis | panangkising Kuwuk ||

27. saha porsèsprêbaling pulisi | wusnya trang pamaos | apal kabèh gancaring nalare | tandya dhawuh mring jaksa lir kang wis | kinèn animbali | pasakitan Kuwuk ||

28. sarta Luwak catur wus sumiwi | ing ngarsa sumaos | sang presidhèn para lid kabèhe | kudu samya têranga mangèksi | wajibing prakawis | wruh ing warnanipun ||

29. bab cirining Kuwuk Luwak titi | wus samya waspaos | nulya presidhèn pangandikane | marang jaksa kinèn maos tulis | pandakwa tumuli | maca swaranya sru ||

30. supaya trang panilinging saksi | pra lid saantero | pasakitan wêruha nalare | wusing tamat presidhèn tannya ris | Kuwuk maksih mungkir | kang gugat tinuduh ||

31. kinèn matur wus kasumpah dhisik | adate mangkono | nulya matur purwa wusanane | gripir Kêthèk nuli anulisi | Garangan turnya ris | cocog lir ingkang wus ||

32. tan sulaya kalayan pêrklaring | sigra nomêr loro | têlu papat lima rèntès cècèg | têkèng Luwak uga anocogi | Luwak catur nuli | samanantuk ampun ||

33. nulya kabèh para saksi-saksi | pasakitan kinon | dèn undurkên sawatara age | rèh presidhèn yun manimbang adil | parentah tumuli | mring kyai pangulu ||

--- 3 : 204 ---

58. Maskumambang

1. maskumambang Wauwa trampil ing wèsthi | adating klakuan | ingkang kasêbut ing dalil | contone wong ngaku Allah ||

2. mamèt misil kewan kang tan nganggo budi | tan nêmbah mring Allah | mandhak ngaku dadi Gusti | sah tibaning khukum pêjah ||

3. para elid nimbang uwiting prakawis | antuk siksa paksa | binuwang rongpuluh warsi | Banthèng mangkana wuwusnya ||

4. rèhning Kuwuk kalêbu prakara sipil | têrang ngrekadaya | ngglêmbuk ragad pitik dhuwit | têtêp amung apuskrama ||

5. mori arta linironan catur sêpi | ujar tanpa tandha | têtela panggawe juti | ènthèng tibanirèng siksa ||

6. limang taun nganggo dèn kalungi wêsi | etunganing dina | têlung puluh ran sasasi | rolas sasi sawarsanya ||

7. Sang Presidhèn Amongpraja nayogyani | wus kuwat mupakat | kabèh rad kumpul sawiji | dyan katêkan nèng pandakwa ||

8. Amongpraja dhawuh kinèn animbali | saksi lan sakitan | arsa pinaringan uning | jaksa ngawe-awe nulya ||

9. sampun maju sadaya gya dèn dhawuhi | hèh Sugriwa sira | talingên prakara iki | wus kagalih ing parentah ||

10. presidhèning landrad dina Kêmis iki | têrang sira salah | nglakoni ingkang tan yukti | titi titis tibèng siksa ||

11. binuwang mring sajabaning tanah ngriki | jroning limang warsa | saha kinalungan wêsi | wêsiasating nagara ||

12. ponis landrad ing Gêbangtinatar Kêmis | tanggal ping limalas | Rêjêb Jimawal wit tampi | kêna ngetung limang warsa ||

13. nanging sira maksih tunggu arès ponis | ingkang kinawasa | iyeka bênêrên inggil | hohgrêskop kang kinawasa ||

14. sira mêngko bali mring buwi ngêntèni | ing waktu punika | kabèh saksi dèn ganjari | Garangan Babi Andhapan ||

15. amung Luwak sakawan kang datan tampi | rèh ondêrsuk rannya | saksi magêpokan juti | sêkongkêl milu durjana ||

--- 3 : 205 ---

16. kacarita wus bubaran presidhèn lid | Kuwuk kawuwusa | tinup ing wêlak ngranuhi | baline marang kunjara ||

17. sira Brewa nèng jroning bumi ciptaning | nêgês ing Hyang Suksma | mursuta talining urip | nyuwun luwaring sangsara ||

18. truh ing supta wor Suksmane kang linuwih | cêngênging paningal | surup baskaraning wêngi | kawêngku anèng pamriksa ||

19. kawimbuhan ing sih pamanthênging budi | jinurung ing puja | saka pikire pribadi | wus sirna Gusti kawula ||

20. al-insanu siri rasa wus kawingking | wantahing Suksmana | lalu mêlêng dikir napi | lir hèrnawa lan samudra ||

21. upamane kumandhang lan swara tunggil | saking manrang cipta | patitis pancêring urip | wus sirna tan ana rupa ||

22. amatèni Wilpusa praboting urip | rupa tan nupiksa | swara wus datan kapyarsi | ana ambu tan ginanda ||

23. kang nèng crêmin datan kawasa ningali | wus nuksma manuksma | murcita kêdhaping pati | têpêt sajêroning laya ||

24. hyang hyang mati ana sajêroning urip | jumênêng priyangga | mêsês musus ciptèng jisim | jinurung ing dhèwèkira ||

25. wus kagulung samudra kang tanpa têpi | sahir kabir juga | dunya akhir dèn lakoni | jumênênge Hyang Pramana ||

26. dupi dangu rinuwat cakraning pikir | praboting ngagwsang |Kurang satu suku kata: praboting ngagêsang. pêpak jumênêng lir nguni | maksa nora bisa luwar ||

27. panggagasing wardaya Kuwuk wit tampi | Rase jarwanira | yèn 'ilmu tan mitulungi | datan bisa nanggung lara ||

28. wus têtela têrang kalakuan iki | manêgês ing puja | kongsi nir kawula Gusti | sinipatan Hyang Pramana ||

29. parandene tan ana Allah nulungi | tangi kang wardaya | pamikiring budi yukti | yèn mangkono bênêr Lingsang ||

30. hèh sarjana kang ulah putus ing 'ilmi | rasakna punika | kawruh wus rada nyukupi | dene tan bisa sung luwar ||

31. mracihnani sanadyan putusa 'ilmi | dalil kitab Kuran | yèn atine tanpa budi | ulah marang kasujanan ||

--- 3 : 206 ---

32. sajatine Allah sasamining urip | iku kang masesa | anggêganjar apêparing | sandhang ingkang sarta pangan ||

33. lah kapriye ingkang maca kang miyarsi | ywa tinampan lamba | ewuh pangiraning ati | 'ilmuning Kuwuk punika ||

34. pasthi padha lan 'ilmune kang miyarsi | lamun nora padha | anggêpe mandhak ngungkuli | tandha yèn cingkrang kawruhnya ||

35. kawuwusa Kuwuk antaraning sasi | ana ing kunjara | tita datan bangkit mijil | wus mupus karsaning Suksma ||

36. nulya arès ponis landrad sampun dadi | pinaringkên sigra | lir adatira ingkang wis | surasanirèng putusan ||

37. nêtêpakên landrad panimbanging pra lid | ing Gêbangtinatar | enggal-enggal jaksa gripir | paring dhawuh mring sakitan ||

38. panabdaning Kêthèk marang Ama-Pitik | Kuwuk wruhanira | arès ponismu nêtêpi | kalung wêsi limang warsa ||

39. binuwang mring jaban rangkah tanah ngriki | kulon kene iya | ing Ayah nggoning wêwêri | yèn wus sah antuk lêpasan ||

40. mawa kitir saking Ayah residhènsi | sandika aturnya | rante ingêtrapkên aglis | kumalung guluning Brewa ||

41. dèn angkatkên gumrudug kang atut wuri | tundhan sabên tanah | têbih lampahnya wus prapti | dèn culakên anèng Ayah ||

42. antuk bêgja nèng kono sênêng ing pikir | awit kèh mêmangsan | nanging cacade sathithik | pisah anak bojo kadang ||

43. kawarnaa ing Gêbangtinatar nagri | wimbuh ing nugraha | tulus palawija ndadi | tan rêkasa barang karya ||

44. murah sandhang pangan rajakaya tuwin | aglar ing pangonan | rèh doracara dur gusis | kataman tataning praja ||

45. akèh sato kewan cilik ingkang sugih | ingkang gêdhe mulya | satriyane anêtêpi | karan Kancil Amongjagad ||

46. wus kasêbut ratwagung murtining bumi | bisikaning nata | kang komram sagung kumêlip | Sang Prabu Kancil Amongrat ||

47. Amongjagad kang sarta Sri Amongbumi | Amongduryasèngrat | Aji Pamasa sêsilih | lire pamunahing cara ||

--- 3 : 207 ---

48. samana Sang Amongpraja maksih nggalih | pancêring wardaya | kongas pangudyasmarèng sir | yun panggya lan Dwija Sona ||

49. kang asrama anèng Suracala wukir | panguguting sêdya | kongsi katuwawa kèmpi | solah-bawane Srênggala ||

50. marma siyang ratri datan lali-lali | ngalela waspada | sarupa tikswaning 'ilmu | malat mulêt kulunging tyas ||

Sang Dwija Wrêka ing dhepok Guwa Suracala para muride jinarwan 'ilmu kang nyata

59. Asmaradana

1. asmaradana winarni | kadya sarêng lêlampahan | Dwija Sona kang martapèng | guwa wukir Suracala | wus kathah muridira | kang mruwita sagung Asu | ing wana-wana ngawula ||

2. asu Ajag Wawar Kikik | Wrêka Angsang tuwin Rangsang | gêdhe cilik nyantrik kabèh | nggêguru patraping muksa | sampurnaning ngagêsang | dunya akhire sinung wruh | kabèh pinrih sarjanèng rat ||

3. titis tataning ngaurip | ngarêpkên kawruh kang nyata | surasaning jagad kabèh | bubuhane wong utama | talabu'l nir wikara | karananing mbudi kawruh | sasmita rasa nèng dunya ||

4. ngawruhi kawula Gusti | mati urip tinupiksa | Dwija Wrêka warsitane | mring para murid sadaya | anjuju dulang mangap | winruhkên pathi kang nglangut | ing tirtaning kang nirmaya ||

5. wus sinifat insan kamil | kamil kamal adining rat | cakrawala jinarwakke | durarining jiwa raga | gêgarane nrang cipta | mamèt netra kuping tutuk | grana wijile kang daya ||

6. dayaning pancadriya wrin | kang klaku sadina-dina | kanggo manuksmèng uripe | jinèrèng ngêbêki jagad | gatgadanirèng Sona | kang wus jumbuh jaba kalbu | tan sumêlang akhir dunya ||

7. nyruwètèh sabarang kardi | wruh mobah-mosiking jagad | kabèh binudi sababe | tan pracaya kodrating Hyang | tuhu madhêppingmadhêp ing. Pangran | gumêlaring bumi wêruh | kurêbing langit pratela ||

8. kaanan kabèh kang kèksi | mujudi sandining Suksma | katêmu kanyatahane | nganggêp ing Suksma Antaya | yayah midrawèng jiwa | wus mangkono kewan putus | mumpuni budi caksana ||

--- 3 : 208 ---

9. tuhu yèn Asu linuwih | pantês karan Dwijawara | iyèku kawi wardine | dwi loro ja mêtu nglawang | têgêse pintu karwa | nasika bolonganipun | têtêp wuta tuduh marga ||

10. dalan ingkang luwih sungil | marganing puji tan pêgat | salat daim panêngrane | wus siningkur kang sêngkêran | basa daim artinya | jumênêng kalawan idhup | sinasukma ngejawantah ||

11. wantahe kawruh kang wêning | sirna cobaning dyatmika | cacade warni Sagawon | nanging kawruhe utama | prayogane cupana | aywa isin tiru-tiru | iki Asu badan suksma ||

12. pamawas hakekat murti | ma'rifat ing jaman muksa | manrang wèsthinirèng maot | têtêp mukmin 'alimmallah | campur tantara masa | azali abadi kaglung | ginlung kadimah kadisah ||

13. sasat Kyai Taptajani | ing Anusi al akasan | sangkêping sopana anjog | jumêgur satanah Jawa | wadine wali sanga | pasrangkara tanpa sintru | wus nyifati akmaliyah ||

14. rukuning Islam nastiti | dhaup lan pathining rasa | ginalarkên mring muride | dadya panuntuning tata | milati kang mustafa | kucêm pra 'ulama jamhur | ering maring Dwija Wrêka ||

15. marmane sagunging Anjing | isining wana samoha | manyrahkên jiwa ragane | dupi wus jinarwa tama | pramana pangêcupnya | ingkang bodho jahlu busuk | yèn wus winarah ing Wrêka ||

16. tamtu sanubari mingis | tajêm lir mimis atêrnat | rèh têrang glèthèk pêthèle | tanpa kijap tanpa lambang | yèn caraning sarjana | gampang lamun awèh tutur | singa tampa têrus têrang ||

17. wus têtêp guru linuwih | nuwuhkên tangining nala | saking karna wasitane | guru garaning panyipta | ginugu barang jarwa | sampêt nyataning pituduh | angên-angên ingkang tampa ||

18. Srênggala budi martani | wêwarah tan ngayawara | khusus sarèh wicarane | kagunaning pancadriya | driya di murti tama | nyamuting sasmita nglangut | nglamat tan kacakrabawa ||

19. kridhaning buwana wêning | wruh ing daya-dayanira | surya wulan santerone | sasadhara cakrawala | wus nirdyèng budyotama | ariya caksanèng kewuh | iku Sona dining kanang ||

--- 3 : 209 ---

20. nêtêpi wajibing urip | mêruhi kaanan jagad | kang katon tandha yêktine | singa sinung wruh tarima | rèh têtela satmata | tan muruk 'ilmu kang lêmbut | nêtêpi daliling kitab ||

21. layakjibu ma'rifati | minal 'ilmu dakaika | lafal mangkono murade | nora wajib wêruh sira | 'ilmu kang lêmbat-lêmbat | awit tan kêna ginugu | marma Sang Srênggala Dwija ||

22. warata saya mratani | tumular-tularing dunya | kidul wetan êlor kulon | mlangkah saking tanah Jawa | sagung Sagawon wana | ing wêktu-wêktu cumundhuk | muruhita mring sang tapa ||

23. ngasil bab lakuning urip | ngarêpkên murtining nala | lalu linantih lêlakon | klakuwan kang wus kapêstha | pasthi pathining rasa | rasaning khirat kacakup | putus sandining buwana ||

24. sandining Hyang nuksmèng wadi | wadi-wadi wus katara | wruh kanyatahane kabèh | ing dunya akhir kadhadha | dhinaku sangkan paran | yèku sajatining Asu | marma murid pawiyatan ||

25. rêraton traping pamardi | dayane mangulah puja | nirdeya manrang pakewuh | anggêpe sadaya Sona | kang wus mangatas jarwa | nyipta umure jinabut | maksih rumasa durung sah ||

26. awit wus rêjasèng budi | ngrasa utang tanpa petang | ketang nrawang wardayane | rêgane yutan mawêndran | winruhakên ing padhang | iya iku kabèh Asu | paring Sang Srênggala Dwija ||

27. sumugun-sugun ing pikir | jinarwèng 'ilmu kang nyata | lir mring Pangran panganggêpe | tan rumasa yèn sapadha | awit jarwa murtyarja | tinuntun sakaning punggung | kongsi putus nrang wikara ||

28. kang durung wêruh ing wèsthi | sasat nèng jroning kunjara | gêdhong pêtêng sumpêg tyase | tinuntun marang pêpadhang | jengglang sumilak nrawang | sinung lampu pitruliyum | dening Risang Dwija Sona ||

29. murwani budi lêstari | nèng pabarataning warta | nênuntun marang wong mêlèk | angêlèkakên ing wuta | tan watara têtela | nilasi kawignyan pungkur | yun kawêntar kajuwara ||

--- 3 : 210 ---

30. sampurna pakaryèng sandi | têmbung Jawa 'Arab limpat | winor juga surasane | kanabiyan kadewatan | jinarwakkên sadaya | kang daya sênênging kalbu | wit saka wruh tyasing liya ||

31. ngyêktèkkên aryaning bumi | sor prabaning diwangkara | kasintron ima tan katon | yèn siswa ing Suracala | kalingan wukir sasra | maksih sumorot umancur | tanpa dalu tanpa rina ||

32. puniku mangka upami | kinarya mangalêmbana | kongsi wus tan bisa njèrèng | kotamanira Srênggala | triloka tanpopama | kadibyan maharja tulus | têrus manuksmèng utama ||

Sang Kancil Amongpraja karo para nayakane ngrêmbug ulah-bawane Sang Dwija Wrêka nuli anduta Banthèng marang Suracala

33. ya ta Amongpraja Kancil | kang dahat angancam-ancam | pêcahing nala katonton | ingkang mangrusak agama | Sona ing Suracala | kagalih nggêmpal karatun | wiku wikuning antaga ||

34. mongpraja panguguting sir | jênggama pamardyèng guna | dhumatêng sagung muride | yèku Dwijèng Suracala | kawêntar kajuwara | dadya catur kondhang kidung | marma dahat ngancam-ancam ||

35. sabên yèn miyarsa warti | manaputi ing wardaya | lir bagaskara têngange | sêdhênge masa katiga | kumyus ingkang swanita | gumêtêr padoning tutuk | mangkana panggagasira ||

36. dene ta ana kang wani | nggêmpal tata têntrêm mangkya | Asu edan pamijange | nguni paman Uwauwa | angsung inah tri warsa | ing samêngko wus masanipun |Lebih satu suku kata: samêngko wus masanipun. Srênggala tan ana seba ||

37. sigra Amongpraja Kancil | parentah marang parêkan | kinèn nimbalana age | ki pangulu Uwauwa | saha para 'ulama | pêrgadring prakara Asu | kang ingagnyan dan umentar ||

38. samantara sampun ngirid | Wawa myang catur 'ulama | kang wus mutamat kawruhe | seba ngarsaning Mongpraja | nèng bale pasênêtan | Amongpraja sabdanipun | marang kyai khalilu'llah ||

--- 3 : 211 ---

39. lah dèn kapara ing ngarsi | kabèh kancamu 'ulama | matur sandika kang kinèn | wusing tata pasrangkara | Rahadèn Amongpraja | hèh kaya paran pangulu | bab Sona ing Suracala ||

60. Dhandhanggula

1. Madukara pangulu wotsari | dhuh dewaji amba nut ing karsa | nguni kawula sung sarèh | salêbêting tri taun | ulun purih sumaos gusti | kathah sajarwa amba | praptèng mangkya sampun | angsal tri warsa tan sowan | kilap sababipun dene tan mèstuti | dhatêng inah kawula ||

2. Amongpraja angandika aris | hèh timbangên paman karsaningwang | yun katêmu Asu mangke | kaya tan kucêm bênthuk | ngadu kawruh kang ganal gaib | nadyan ngadu kadibyan | campuh ing prang pupuh | sapira boboting Sona | êrok bandawala pati sun tan ajrih | ngêtog guna kasuran ||

3. apa ingsun mring Suracalardi | nggawa gêlar tataning ayuda | datan gumingsir yaktine | pangulu aturipun | nuwun sampun rumiyin Gusti | kagalih kang sakeca | sampun lajêng nglurug | awrat sanggènipun Sona | amba kintên lamun rinabasèng jurit | paduka tan kawawa ||

4. kakêrigna Singha Warak Èsthi | Banthèng Andanu Gêbangtinatar | saèstu kusut campuhe | bab Sona Ajag guyub | adat ingkang sampun kawuri | manawi tiwikramatriwikrama (dan di tempat lain). | sato galak mirut | miris mring kasaktènira | wijayanti têguh timbul ing ajurit | lir durèn lan sêmangka ||

5. dede tandhingipun lawan jurit | dibya kasantikane pun Ajag | baut munah bol èstune | cukat bantêring laku | tambah mangkya putus ing 'ilmi | èstu srah jiwa raga | yèn sampun tinuduh | Kang Subrata Suracala | marma Gusti atur kawula prayogi | nimbalana para rad ||

6. ingkang sampun putus ing pangèsthi | dados kumpul santosa mupakat | karsaning nagri têtêpe | jaksa patih pangulu | kumpul guyub kanang pêrgadring | yèn sampun abipraya | punika ran khukum | ugi karsaning narendra | jêng paduka tan kenging mingsêt sanyari | sarêng brastha lan radya ||

--- 3 : 212 ---

7. dyan nimbali jaksa saha patih | sampun kerid sumiwi ing ngarsa | satata urut lungguhe | radyan ngabèi dhawuh | hèh rêmbugên prakara Kirik | dènnya mbangkang parentah | tan nêdya mangèstu | mring nagri Gêbangtinatar | kaya paran prayogane jaksa patih | apa rinodapaksa ||

8. tinimbalan ingkang klayan aris | apa sun tindak mring Suracala | nayaka wantra ature | dhuh gusti sang aprabu | bilih tuwan tindak pribadi | camah asor ing lampah | manawi yun pupuh | kawula kintankintên. tan kiyat | yèn ingalus pun Sona yakti tan arsi | mênggah prayoganira ||

9. katimbalan malih klayan aris | bilih datan purun pun Srênggala | panggihan kewala sae | ing Parang Tigan bênthuk | abên rasa sasmitèng 'ilmi | pundi ingkang kasoran | prayogi maguru | bilih ngabên kalungidan | bangsa nalar kawula datan gumingsir | dene yèn ngabên kitab ||

10. dalil kitab tafsir awal akhir | pun bapak Ki Panghulu Wauwa | kang sampun jajah kitabe | sanadyan muridipun | ki pangulu prayogi miring | têmpuhnya rasèng syara' | yèn pun Sona nggayuh | kawruh ingkang lêmbat-lêmbat | prayoginya paduka ingkang nglawani | kados yèn dèrèng nggandra ||

11. tikêl satus Sona dèrèng mirib | saking pangintên amba punika | amung munjuk sabarèse | mèsêm dyan bèi ngungun | mring pangalêmbananing patih | nulya alon ngandika | sapa ingkang cukup | nglakoni dadi utusan | padhamibadhami. lan Srênggala Suracalardi | patih panggah aturnya ||

12. bilih parêng kawula pribadi | kang lumampah saha nglugas wastra | sandi tiyang alit bae | kanthi sapantêsipun | kalilanna kawula malih | satunggal pun Palwaga | Lutung kalihipun | dyan bèi dhangan ing karsa | angandika bênêr aturira patih | masa bodhoa sira ||

13. mung wêlingku ywa sulayèng kapti | têtukaran rêbut kaluhuran | kadi patraping wong rècèh | kang rosa gêlut unggul | mangkonèku cupêt

--- 3 : 213 ---

ing budi | Dawakna nalarira | murih bangkit ngêjum | pikirên srananing ceda | sirnakêna supaya tata lastari | titisunguting nalar ||

14. lah wis padha mundura sun nganti | patih jaksa pangulu umandhap | sapraptanirèng wismane | patih nimbali gupuh | marang Kêthèk saha Anjani | samya sowan ingagnyan | kêkalih sumaguh | nuwun suka sukur ing tyas | sèwu bingah Kêthèk Lutung dinuh gusti | mangkono wong ngawula ||

15. yèn tinari nêmpuh baya pati | nyandikani bingar lir ginanjar | iku punggawa wajibe | nglakoni ing satuduh | durung tamtu dinaning wuri | ngunggahakên darajad | saking nut ing dhawuh | nadyan nora ana karya | gusti pasthi waskitha têrang mring abdi | misuda ing kawula ||

16. rèh Palwaga Anjani tyas lungid | dupi tinari têmpuhing baya | tanpa matur akèh-akèh | mung bigar gagah saguh | wajibing rèh punggawa murti | nirdeya nrang wikara | tan kakèhan saguh | tan pisan ngumbar kasuran | datan sêlom netyasmu kêrêng nampani | sandika madukara ||

17. ngasorakên rasa ingkang lêgi | iya iku Kancil abdinira | seje lan kewan samangke | yèn tinari ing kewuh | minta jangji yayah wong glidhig | ing sêtatsiyun nganyang | mrih plênthuning wadhuk | kauntungan kaya Cina | kang dèn arah sajatine jago ngucir | wêdi lok surak-surak ||

18. yèn mungguha gêmak jèngkèng ngruji | pandirangan ethok-ethok lara | sawênèh sèlèh lungguhe | uwis mangkono tamtu | nulya Banthèng Munyuk Anjani | wus samya nglugas wastra | wisata tri laju | marang Guwa Suracala | nirdyèngkara baya pati tan tinolih | saking wus ulah nalar ||

19. ciptaning tyas datan ana pati | pakewuh kang murang ing silarja | saking wus sampat pikire | sanadyan satru dudu | Si Srênggala wicara lungid | manuhararja krama | silaning tumuwuh | tan ana sawiji apa | dhasar kanthi nalar dayaning tyas wêning | tan lami lampahira ||

--- 3 : 214 ---

Patêmone Banthèng karo Sang Dwija Wrêka ana ing dhepok Suracala

20. praptèng Suracala amarêngi | pêpak murid Sona warna-warna | cingak sadaya praptane | wantuning Ajag Asu | netya wêngis tan was mangèksi | wruh Banthèng yun tinrajang | pinarjayèng kewuh | nanging Sang Maha Pandhita | datan parêng awit cundaka kang prapti | tumulya ingacaran ||

21. binagèkkên raharjaning wuri | Banthèng nuhun mangsuli raharja | sakulawarga muride | cantrik saha manguyu | uluguntung praboting rêsi | kang sami ulah tapa | muja mungku gêntur | Dwija Sona anggraita | Banthèng ingkang prapta Pragosa Anjani | kinira yèn prameya ||

22. wus katara solah-bawaning ling | trampiling wicara mawèh raras | tajêming netya pasmone | luhur kaworan ngungun | nglugas sandhang sêngadi cilik | dutane Amongpraja | èstu yèn para gung | priyagung Gêbangtinatar | Dwija Wrêka tumulya têtanya aris | mèsèm saha mardawa ||

23. kadingarèn jêngandika prapti | pangintên kula sami kasasar | datan nêdya praptèng kene | sèwu mokal katuju | yèn sinêdya paraning kardi | rèh kula punggung mudha | kuthung tyas truwilun | cêndhala nir tatakrama | dahat tuna kajawi kasasar mampir | Banthèng kagyat miyarsa ||

24. kagawokan wruh kêdaling lathi | mawèh tandha Srênggala sarjana | Andaka alon saure | dhuh sang wiku pukulun | dinuta Sang Mongpraja Kancil | nagri Gêbangtinatar | dene kang rumuhun | ingkang taklim kaatura | kaping kalih paduka dipun aturi | dhatêng Gêbangtinatar ||

25. ingaturan sabiyantu budi | ngluhurakên mring Hyang kang murwèng rat | nata têntrêming prajane | mancasi dur sila yu | ngajar juti arjaa sami | kumpul mamrih yuwana | ywa na salah dudu | sadarpa atur kawula | mugi-mugi paduka njurungi kapti | nglêganana pinanggya ||

--- 3 : 215 ---

26. sêmu kodhêng tyasira sang rêsi | mring sabdaning Banthèng manuhara | amêlasasih têmbunge | bangkit ngluhurkên kalbu | pantês lamun dadiya patih | wasana alon nabda | bab punika klintu | kawula sagêd punapa | datan pisan ngregonana drajad lêwih | jawi mung ulah puja ||

27. amangeran kalanggêngan suci | dunya akhir kang kawula jaga | kinukut katon nyatane | tan pisan ganggu-ganggu | datan nggênpalnggêmpal. tataning nagri | mung madhêp majênunlah | siyang lawan dalu | nanging Kancil Amongpraja | opèn dahwèn dene purun animbali | mring sasamèng tumitah ||

28. kula mopo dahat datan arsi | Ki Pangulu Uwauwa prapta | kumawawa ndhawuhake | kula kinèn sumujud | saha malih kinèn njarwani | cangkriman gangsal pasal | sasagêding dhukuh | kula batangi sadaya | kilap lêrês kilap lêpat datan uning | rèhning kula damarda ||

29. antya punggung mring lambang kang mêthit | datan bangkit amungkasi karya | sawusnya andhawuhake | uga sabdèng pangulu | kula pinrih sowan pun Kancil | dahat wirang gung merang | mirong datan purun | tan kabawah tan kaprentah | ingkang mbawah kang mrentah mung Maha Suci | kang sifat kadim baka ||

30. sampun lami praptaning sêmangkin | ijêngandika nayakawaktra | têmbung krama pangonggronge | mring kula ndhêku-dhêku | angaturi praptamba maring | Gêbangtinatar panggya | lawan Kancil punggung | kang wus ginunggung caksana | sajatine sêpa-sêpi tanpa budi | budinirèng durjana ||

31. palsu dora wranane sakêthi | sungsun sayuta ambêk utama | anglakokakên khukume | yèn sabên bocah gumun | wêdi asih angaji-aji | ngguyu kang wicaksana | wruh patraping bujuk | sandi khukumu'llah dora | lamun Allah ngukum kawulane pasthi | datan mamèt lantaran ||

32. marma kula dahat kirag-kirig | srambut pinaraa sèwu yuta | tan nggêga makatên Banthèng | Kancil nindakkên apus | kumawani

--- 3 : 216 ---

ngaku angirib | amrih kajèn kèringan | srananing sêkuthu | dora rêraton sapraja | kumapintêr kumawasis ngathik-athik | ithik-ithik parentah ||

33. kêcap mangap dhawuhing nagari | kidip kêkudhung walulang macan | anggêgilani warnane | tan wruh yèn isi palsu | santerone dika puniki | kang samya anggêp praja | budine kumingsun | gumaib kedaling lesan | sayaktine ratuning cubluk sabumi | ngapusikramèng arja ||

61. Sinom

1. jêngandika Banthèng dadya | patih taruna winasis | punapa jandikaSingkataan untuk: jêngandika. wignya | dhumatêng wajibing patih | gumêdhe kumabangkit | gumunggung angaku-aku | yèn nyata dika wignya | jèrèngên kularsa uning | nadyan dora lamun wranane sêmbada ||

2. kinarya ngapusi bocah | kang tan bisa sisi wêdi | dene patih kinawasa | mujudi sri narapati | bungahe lir kagimir | kadhadhung dayaning palsu | rupa intên barleyan | ngaku paringing Hyang Widdhi | yèn wong bingung èstu nganggêp yèn sanyata ||

3. ingkang bisu tuli wuta | kang kadi jandika ajrih | pasthine mundhi mêmuja | rèh sampeyan tanpa budi | nalare mung sacuwil | nir kira-kirane suwung | kalpika pasèt Prasman | puniku kênèkêr bêling | yèn kulaa sayuta datan supêna ||

4. Gusti Allah datan gadhah | pêparing kang rupa bêling | wontên wujudnya punika | saèstu sayuta kidip | punapa malih Kancil | purun ngaku-aku ratu | dika dadi warangka | ingkang dadya jaksa èsthi | Uwauwa pangulu panggawe praja ||

5. têtêp rukuning karajan | patang prakara mêpêki | ananging paningal kula | kratoning goroh katawis | patih patihing kidip | pangulu jaksa nggêdêbus | dadi dora jendralan | nêbu sauyuning ati | kang pinurih kajèn kèringaning bocah ||

6. bocah ingkang durung bisa | mbuwang riyak umbêl wêdi | apêpayung sèrèt prada | gumrudug akèh kang ngiring | napa dika udani | nêgêsi dununging payung | lah kula jarwanana | yèn wong darbe pasthi uning | wong manganggo èstu ngrêti dayanira ||

--- 3 : 217 ---

7. aywa dika bungah-bungah | dèn payungi milang-miling | glelengan asêsongaran | mbadhêdhêg anggêp kapati | lan kula takèn malih | payung abang ijo biru | putih kuning myang gilap | punapa ingkang pinurih | wong manganggo tamtu têrang karêpira ||

8. sarèhning Banthèng warangka | bab puniku masthi uning | kang awit ratu yèn arsa | ngganjar payung marang abdi | èstu byantu lan patih | prituwin santananipun | datan kenging mlangkaha | ngagêm karsanya pribadi | dika patih kapatang wêngkuning praja ||

9. sagung kewan wanawasa | ingkang cubluk wêdi asih | wit gumun kawignyanira | kabèh pratikêling Kancil | yèn Suracala Kirik | Kancil ratuning truwilun | mung bisa ngrekadaya | aturna punika patih | marang Kancil ujar kawula sadaya ||

10. mandhak wuwuhana ala | pamancah pamoyok sami | punapa malih samangkya | paripaksa kumawani | purun nampèni dhuwit | pajêg bumi dhusun-dhusun | saha malih sinêmbah | lan angukumi sasami | badhe kula takèni lamun pinanggya ||

11. wus kagêntarkawêntar. Amongpraja | kabisane mung sacuwil | ambêk baut ngêjum nalar | guna ing aguna murti | mêmulang muruk 'ilmi | Wulung Kucing 'ilmu Kuwuk | dudu 'ilmu kang nyata | dudu wulang kang sayêkti | pangrasane luhur nyamut lamat-lamat ||

Banthèng ngaturi Sang Dwija Wrêka karsaa têtêmon karo Sang Kancil ana ing Parang Êndhog

12. andaka njêngêr miyarsa | dahat gêtêrirèng ati | wirang rèh dèn erang-erang | sasat mati jroning urip | sumaput panon mipit | tan darbe nalar saglugut | pintêrnya sirna bubar | mawut-mawut tanpa kèri | wus adate yèn kasoran ing wicara ||

13. apa manèh kalah wignya | lir pêpês kang bayu budi | karoban prabawèng Wrêka | kanang pratistha sêmadi | Banthèng tan bisa mosik | kadi kapuk kênèng wusu | obahe ngarah-arah | pinaksa umatur aris | dhuh sang dwija prayogyamba mring paduka ||

14. mugi karsaa panggihan | benjing punapa kang pasthi | wontên pundi karsa tuwan | Amongpraja mung mèstuti | wêlingipun ing

--- 3 : 218 ---

nguni | manawi sang dwija sarju | wontên ing Parang Tigan | abên kawruh ingkang murti | pundi ingkang katitih tyase ywa cêla ||

15. manawi dèrèng panggihan | maksih gumantung ing galih | pêcahing nala narantang | narik gêtih otot daging | purbaning ati budi | Sona nulya manthuk-manthuk | sun sumarah ing karsa | benjing punapa prayogi | wontên pundi kula umèstu kewala ||

16. lêrês ing pamrayoginta | yèn sami condhong ing galih | sae wontên Parang Tigan | awit cêlak jalaniddhi | datan wontên kang uning | ing ngriku panggenan samun | Andaka aturira | inggih kuta tur prayogi | benjing dintên Jumungah ngajêng punika ||

17. kintên-kintên pukul sanga | paduka sampuna prapti | panggihan ngabên kawignyan | nyirnakkên gêtêring galih | prayoginipun mawi | pranatan caraning ratu | sanadyan ngriki tanpa | yèn ing ngrika kêdah mawi | wusnya terang kyana patih sigra bidhal ||

18. saking Guwa Suracala | Palwaga Lutung tan kari | datan dangu lampahira | samantara sampun prapti | Gêbangtinatar nagri | kyana patih gya cumundhuk | ngarsèng Kancil Mongpraja | matur purwa amêkasi | Amongpraja dahat sukaning wardaya ||

19. hèh patih matahên sapa | kang yogya mèstuti mami | mangun bicara lan Sona | kang pantês putus ing wèsthi | kudu tataning patih | pahargyan luhuring ratu | aywa kongsi kuciwa | myang ajining para rêsi | kang ingagnyan sandika prentah Palwaga ||

20. tandya lèngsèr saking ngarsa | pranatan kinèn miwiti | tinulis ponang pranatan | mamèt adating narpati | tan dangu sampun dadi | badhe tindaknya sang mulku | dene cucuking lampah | Sardula sadaya kêrig | ingkang kèri tunggu praja sawatara ||

21. dene kang ngayap narendra | Warak Landhak Banthèng Bothi | Kidang Manjangan Andhapan | Rewanda Anjani Babi | sumambung pra 'ulami | manggalane ki pangulu | katib modin mutihan | punggawa kang têngga puri | jaksa patih kori tuwin sarayuda ||

22. tugur anèng pagêlaran | ing magangan srimanganti | pranatan konjuk saksana | condhong ing karsa narpati | tata tataning abdi |

--- 3 : 219 ---

tan ingowahan lêstantun | panggihan Parang Tigan | ri wusnya antara ari | praptèng ari Jumungah enjing samana ||

23. sangkêp miranti samoha | saha kang tumutur sami | kerig sagunging sudira | ngalumpuk nèng srimanganti | mênuhi praptèng jawi | wuwusên sadaya Wrêku | Ajag Kirik lan Wawar | samana wus dèn dhawuhi | ingkang dhèrèk pilihan mung kawan dasa ||

24. kang wus pratamèng wikara | digdaya dibya ing jurit | putus pangulahirèng prang | samana jam astha enjing | dintên Jumungah Paing | kaping wolulas sutèngsu | Ruwah warsa Jimawal | I Saka Sangkalèng warsi | gati sirna pujangga yata kocapa ||§ (l805) [Sengkalan: gati sirna pujangga yata (Jumuwah Paing, 18 Ruwah 1805 A.J., Jumat, 8 September 1876 A.D.)].

Patêmone Sang Kancil karo Sang Dwija Wrêka ana ing Parang Êndhog ngadu kawignyan

25. bidhal sarêng lir sêmayan | tindaknya Mongpraja Kancil | ngilèn tirahing samudra | dene tindaknya sang rêsi | ngidul Suracalardi | trus ardi Sèkh Belabelu | nuli praptèng Mancingan | dupi nèng Parang Wedang wrin | Amongpraja tumurun saking aldaka ||

26. pacalang Sima atusan | gumuruh bumi lir gonjing | kêkalih têmpuhing tingal | manggut sami anampèni | kagyat Kancil mangèksi | wênêsing cahya sumunu | wingit prabaning waktra | netya sêmu sumèh manis | raras sarwi ngarah-arah rum ing sabda ||

27. tumulya agêgandhengan | mring Parang Tigan sarimbit | ciptèng tyas Mongpraja tansah | pangugut-ugutirèki | tambah dupi miyarsi | saking Patih Kêthèk Lutung | marma Kancil mangajap | ing galih yun têmpuh lungit | wusnya prapta Parang Tigan lênggaglênggah. tata ||

28. Kancil lunggyèng purwantara | sawadyakuswa kang ngiring | dene kang kapara pêrak | Pangulu Palwaganjani | mabukuh smu kapering | kanan kiri urut lungguh | sang dwija nèng pracinapracima. | sadaya siswaniranjing | samya nêbih dene kang kaparèng ngarsa ||

29. sakawan Srênggala Ajag | baut munah satru sakti | putus pangulahirèng prang | mirit saisining bumi | duk samana Dyan Kancil |

--- 3 : 220 ---

ayun-ayunan lan Asu | Mongpraja pasrangkara | pun uwa sami basuki | ingkang kantun wontên wukir Suracala ||

30. tumêmpuh ing karnèng Wrêka | trampil dènira mangsuli | inggih sami karaharjan | tan kirang satu punapa | wusing liring-liniring | aso sawataranipun | Ki Pangulu Wauwa | alon maju angabêkti | mring Srênggala yayah caraning manusa ||

Panguman-umane Sang Kancil akèh-akèh marang Sang Dwija Wrêka

31. marma uwa tinimbalan | nagari midhangêt warti | jêngandika ngaku Allah | myang kumpulan rina wêngi | rêraton traping pardi | sadaya siswanta nggugu | tampi piwulang dika | pra murid ngrisak agami | agama kang gumêlar narik kotaman ||

32. dadya sintruning kasmala | kang wus kêkah kangge lami | winor lan yudanagara | saking pamardining nabi | kang lumuh pasthi tampi | khukuming syara' jinabut | lungayane mrih dadya | crêmin nêmbah ing Hyang Widdhi | mrih warata tataning dinilmustafa ||

33. manawi makatên dika | jumênêng guru pranatis | mijang 'ilmu tan widada | ndêdawa dêdalan kapir | tan yun mardawèng dini | wiku pandhita antêlu | nênuntun manjing nraka | tiktrèng tyas yun durtèng karti | praja rêngka kagawa wulang andika ||

62. PocungTeks asli: Pucung.

1. marma mucung cipta kularsa katêmu | karana andika | tinimbalan datan prapti | punapa ta botên midhangêt pawarta ||

2. yèn wus kaglung khukum Suleman nèng ulun | prentah wus byawara | têrang dhawuhing Hyang Widdhi | ngangge tandha kalpika di mawa praba ||

3. sing-a wêruh ring wangkawa liwran sujud | tumeja ing kasa | surêm hyang pratanggapati | lah punika lètêr We gosok barliyan ||

--- 3 : 221 ---

4. duk dhumawuh ring kula mèlkat kang rawuh | amanidikara | karana kewan sabumi | sujud sayuk tumutur pranatèng praja ||

5. wus sabyantu sapulo Jawi umèstu | tan wontên manjila | ngrêksa sukrêtyèng nagari | sampun kathah conto kupiya kang klampah ||

6. kèh tinêmpuh adil pranataning Ratu | Sleman ngejawantah | anyêgah gêlahing bumi | titi tata mangkya gêmpal wit andika ||

7. nukarta gung mangrêksèng nagri sadarum | duryasèng rèh arda | wus samya tobat mring Widdhi | suka bagya kang kula jarwani tama ||

8. sèwu sukur kurmat kutu-kutu mungkul | mangke kasatmata | gêmah arjaning nagari | wit agama ajrih Rabbi'l'alamina ||

9. kang kulayun kumpula ngrusak ing tyas dur | sinajarwotama | gama gandhulaning urip | siyang ratri parasdyaning sudarsana ||

10. gêgaran gung ananggulang dama punggung | midrawèng buwana | sumêbar amêratani | sasat kabar Bramartani Surakarta ||

11. kondhang kidung lir undhang sapinggir lurung | marduning prataksa | wus kalampahan pra kumlip | agêng alit suyud wêdyasih sutrisna ||

12. mandhak sampun misudha patih pangulu | jaksa ulah nalar | rukuning kraton mêpêki | wus sampurna mahyakkên sudarsanèng rat ||

13. patih ratu jaksa kalawan pangulu | kang karya pêpadhang | madhangi aran nagari | jumênêngnya awit sinihan ing jagad ||

14. amêmatut kèhing bangsa kang tan turut | durcara ing sila | kara-karanirèng urip | ngluhurakên anêmbah dini'lmustafa ||

15. dintên pungkur pinusthèng tyas tan siningkur | sare'at Anbiya | ywa kadawa damèng bumi | winahyakkên singa mopo pinidana ||

16. nguni rusuh sèwu siji tan pinangguh | kang muksis ing syara' | nglakoni amaring Widdhi | tansah murang krama ingkang unggul mulya ||

17. awit suwung patih jaksa myang pangulu | ratu datan ana | dadya dur amêratani | rèhning kewan tan ana kang winêdènan ||

18. kèhing dudu drubiksa ingkang kalaku | mangkya wus balabar | warata budi kang suci | akèh sêtya tuhu mring dini'lmustafa ||

--- 3 : 222 ---

19. para dudu kèh parikramambêk ayu | ilang tanpa sesa | amblas têmah rata yukti | basa rata lêmpêng atinirèng kewan ||

20. tanpa mbrênjul cukul budi kang kalantur | padhang dede surya | pêtêng limut dede wêngi | lah punika dumunung pancêring nala ||

21. kewan sagung tutut manut amiturut | nir manah durhaka | malah mangun puji dikir | suka sukur arang kataman ing susah ||

22. mangkya muncul mancungul kang nêdya nglêbur | mulyaning agama | karana 'ilmunta wradin | Sona Wrêka kang yun angrêbasèng karta ||

23. rèh sang wiku maridakên 'ilmu rusuh | wani ngaku Allah | wani nyirnakkên Hyang Widdhi | saking pundi purwane 'Ilmu jandika ||

24. para guru kuna pundi kang kagugu | nabi wali sanga | pandhita jamhur musanip | kitab Hadis Kuran pundi kang ingalap ||

25. ho o luput dene makatên ginilut | kang nyirnakkên Allah | mangrusak budi lastari | tamtu rusuh rusiya kang badhe ngrêbda ||

26. yèn kabanjur 'ilmu makatên kalantur | ngrisakakên praja | ngambra kasmalaning bumi | awit badhe ngicalkên nêmbah Sudyarsa ||

27. sampun tamtu kèh kewan jina sadulur | bapa byung jinanak | akèh kang sarêsmi mêdi | awit saking khukum khirat dikat bera ||

28. swarga lêbur nraka sirna dika gasruh | durtèng tyas sudyarsa | pangeran inganggêp sêpi | datan ajrih mring Pangeran sifat rahman ||

29. mangka sampun sèwu gangsal atus taun | sare'at punika | 'Arab mratani ing bumi | praptèng ngriki watawis nêm atus warsa ||

30. purwanipun Kraton Dêmak Islam klaku | sanadyan Buddhaa | kinèn widada ing budi | nêmbah dewa mèt ganjaran swarga mulya ||

31. kanthil murub sêsotya barliyan mancur | mas tinatur rêngga | ciri patra karasiddhi | langgêng badan alus pangawak Jawata ||

32. kilap èstu kilap dora kudu-kudu | atasing agama | anaa kang dèn wêdèni | nadyan sunya kudu tumurun tyas muja ||

33. anggêr patut kalakuwan sae tinut | sanadyan tan nggêga | yogyane sajroning ati | lair kudu mèstu yèn pamanggih kula ||

34. sampun dangu tikbra brastha nagri ngingu | kèhing pangajaran | mulang muruk siswa murid | sastra Jawa 'Arab winruhkên pra mudha ||

--- 3 : 223 ---

35. samya nggugu kuwat siyang dalu kukuh | madhêp ing pracima | mêmuji jumbuhing gusti | kang kulapti karti kartaning buwana ||

36. nanging lamun lir cipta jandika luput | samar ambalasar | mbabar budi ngèsthi dhiri | wadi-wadi kawadaka tanpa daya ||

37. dayèng kumprung kuthung cingkrang nggayuh suwung | ati cinipta Hyang | murang syara'irèng Nabi | klèngg nata kadaluwarsa budyala ||Kurang satu suku kata: klèngga nata kadaluwarsa budyala.

38. kang kadyèku dika maido pitutur | karan guru ngrusak | murtat lir kapir Yahudi | Nasarani netah malêbèng naraka ||

39. sasar susur slusuran ki guru gasruh | pêtêng tanpa padhang | anglalu rêjasèng juti | dika maidmarid. marang murid ngayawara ||

40. nguni sampun lupiyane kala kratun | Dêmak wontên bidngah | pinatènan dening nagri | Kyagêng Pêngging Dayaningrat ngrusak syara' ||

63. Pangkur

1. mungkur mung ardawalepa | budi dama mahya 'ilmunta kidip | katampan dening wong bingung | ngungun nganggêp sanyata | dèn atêpiantêpi. dunya tumêkaning besuk | sasar susur byang-êmbyangan | tan wêruh kawruh kang muksis ||

2. nadyan cikla-ciklu sira | mahabrata nèng madyaning wanadri | baksana brêbêkan kayu | yèn dika datan wikan | jroning wandanira kang jumênêng idhup | kadya kinjêng tanpa soca | sasare sopanèng eblis ||

3. apa nora gêtun sira | bêkakrakan cacad têkaning pati | tapane nir tanpa kusur | kagawa malading tyas | ngubalakên pancadriyanta kapencut | rêrupaning dunya gumlar | ngapus kramaning lastari ||

4. eman têmên mahabrata | dene maksih kênèng panggodhèng dajil | dajal la'nat jroning kalbu | ngubungi tyas kasasar | sira têtêp munapèk kang baelatun | angga pangawak giyota | mung miturut juru mudhi ||

5. nora wurung prau pêcah | yèn katanggor sela gung parang curi | punika upaminipun | badan manut tyas nasak | murang marga

--- 3 : 224 ---

èstu sikil ajur-mumur | kawadis kang nora kuwat | kadim tanpa ika iki ||

6. kang yogya upama carma | tinataha pinulas amangrawit | supaya katona bagus | yeka 'amal klakuan | nora nana wong nglairkên alanipun | tansah pinulas pinrada | sinimpên rêgêding budi ||

7. mung bijaksa nawung kridha | kang waskitha marang rêgêding ati | ala-yogyane kadulu | katandha solah-bawa | kasatmata têtela durtaning kalbu | marma ywa mungkir rasakna | urip nèng marcapadèki ||

8. aywa ngêndêlake tapa | yèn durung wruh jro wandanta pribadi | jroning musakab asung wruh | wa man ngarapa napsa | kat ngarapa rabbahu pardikanipun | sing sapa wruh ing sarira | têmên-têmên wruh ing Widdhi ||

9. mangka sun liling sun sawang | dika maksih wuta tan wruh ing jisim | yeka kang mawèh kayungyun | ing tyas dur mrih tan arja | maidakên ing 'ilmu culika apus | sabên Sona tampa edan | majênun kagèndèng silib ||

10. dalil Kuran tan ingalap | amung 'ilmu karang kang dèn antêpi | mrojol saking watonipun | qiyase tan kasrambah | têmah ngathik angêthukkên mamrih bujuk | marma sulaya lan para | 'ulama ing tanah Jawi ||

11. wau ta Sang Srênggala Dwija |Lebih satu suku kata: wau ta Srênggala Dwija. prastawèng tyas mring pangundhating Kancil | mubaling pancadriya wus | lir bramastra saksana | ngrêbda ndhrêdhrêg kumêdut padoning tutuk | kabasmaran ponang nala | puadduljakiyah basmi ||

12. lir tinêpak kanang muka | gêtêr kêtug jiwangga wus dadyagni | anala mubal gumrubug | saking tri kanapsonnya | ari siri sanubari mèh kalimput | bab sabda ardawalepa | wimbaning ling Radèn Kancil ||

13. bawuring cipta Srênggala | ciptanira yun tiwikrama wrêdi | mêkar yayah mahamèru | sirna ciptaning tapa | nêdya musthi prêmadi tikswaning siyung | tumulya Ki Uwauwa | trangginas waskithèng wèsthi ||

--- 3 : 225 ---

14. sigra maju ngraup pada | manuhara mriyêmbada ngrêrintih | waspanira sru kumucur | ature kadiparan | datan wande bumi langit dados awu | yèn paduka tiwikrama | samênit datan ngudhili ||

15. yakti brastha tanpa sesa | ingkang sabar anggèr sampun kagalih | owêl dibyanta kang komuk | kontab sajagad raya | paduka wus kaloka yèn hamawiku | lamun kanapsone cêpak | badhe tan tumêngkar wuri ||

16. wêlasa mring surya candra | bumi langit saisine sakalir | punika tan milu-milu | yèn padukarsa duka | nglêbur jagad adhuh sang pandhita sampun | Dwija Sona duk miyarsa | aturing pangulu khakim ||

Sang Dwija Wrêka ngajokake patakonan nêm pasal supaya dijawab Sang Kancil

17. sirêping driya wikrama | dyan sinamun gêtunggêtun. durung nglakoni | wus mangkono mahawiki |Guru lagu seharusnya: 8u, wus mangkono mahawiku. kang pratamèng wikara | analangsa ing nala maring Hyang Agung | sinamun ing samudana | mèsêm-mèsêm ngandika ris ||

18. mring Kancil kang ambêk nata | pasrangkara sèwu tarima mami | nuhun-nuhun satus èwu | jandika nguman-uman | awit kula tinimbalan tan cumundhuk | kula prasaja kewala | kagaliha kang sayakti ||

19. lan malih dika jawaba | ingkang cocog duga-watarèng ati | sampun kantos salang surup | rèhne sami sarjana | bokmanawi jandika wus tanpa kewuh | badhe pitakèn-kawula | ing tyas janurjèngkara di ||

20. kula-kintên lamun wignya | anjarwani sathithik wus ngiribi | kang kula gulang kula glung | nalar kang satus yuta | salaminya dèrèng wontên bangkit ngêcup | kajawine amung dika | kang wus wicaksana murti ||

21. jandika madêg narendra | amisudha pangulu jaksa patih | nêtêpi ugêring kratun | adêgirèng karatyan | ngèmpêr-èmpêr mirib pranataning ratu | balik dika paripaksa | kumawani tampa dhuwit ||

--- 3 : 226 ---

22. pajêg bumi desa-desa | saha wani nampani bêras pari | dene doyan pinisungsung | dika tan nyithak sawah | datan nandur pucang tirisan tan macul | enggak-enggoking kêdhokan | sacluwik datan udani ||

23. lan etungirèng cêngkalan | apa manèh keblating grad tan uning | loh cêngkare dika tan wruh | prandene mupu beya | mubêng mingêr salin-salin ambêbingung | pikulan lan pananggalan | pêthuk panampa wilah wlid ||

24. krigaji sangon pasilan | plungguh saha panêtêp warni-warni | tulungan lan gugur-gunung | jatine ngarah arta | dhistrik dêmang cinadhang kluputanipun | dika datan karya arta | parandene mundhut dhuwit ||

25. talèn wukon rupyah sêmat | kêthip kêlip benggol sèn tuwin bribil | kangjêng guprêmèn sadarum | ingkang yasa punika | pantês lamun para residhèn kang mupu | kuwasane rad Hindiya | rèhning wus rumasa kardi ||

26. wangsul Kancil pakênira | paripaksa mundhut têbasan dhuwit | hèh sababna bab puniku | supaya padha trima | aywa kongsi nggêrantês sêrik ing kalbu | yèn dika tan asung jarwa | têtêp datan aran dhuwit ||

27. puniku kringêt lawan rah | mondhong mikul wong desa luru dhuwit | nêdya kinarya tur-atur | pamundhuting parentah | wangsul ingkang nampani napa tan gêtun | mêrês gêtihing sasama | kringêting sami dumadi ||

28. punapa tan darbe wêlas | ngêtus kringêt daging gêtihing kuli | kadospundi awitipun | jamane kuna-kuna | dene wontên lampahan kadya puniku | rèh jêngandika tan ngodrat | bumi banyu gêni angin ||

29. yèn dika kang gawe jagad | lan turuning jawah saking wiyati | dika kang ngodrat tumurun | kula wus datan tanya | dènta mundhut pajêg lan sadaya wau | mangka Kancil nora pisan | ndadèkkên gumlaring bumi ||

30. pangintên-kula jandika | kadadian padha bae lan mami | tan beda lan kuli dhusun | sami akhayun khayat | pancadriya datan

--- 3 : 227 ---

pae ananipun | dika tan wêruh Hyang Suksma | kuli tan uningèng Widdhi ||

31. sifatnya rong puluh padha | botên beda tandha lamun sasami | dene dahat kumalungkung | mêmundhuti ardana | salin-salin panjaluke supayantuk | dadya panjêriting jagad | orêg mandhala sru gonjing ||

32. yèn bumine tan micara | kèhing kewan kang njêrit sasat bumi | rèh asale saking lêbu | lah punika rasakna | yèn wus têrang pancasên aywa anggasruh | prakara pamupu beya | supaya nrima wong cilik ||

64. Asmaradana

1. kasmaranira tan sipi | dènnya pinrês kringêtira | kasirnakna panggrêsahe | narakarya patrol rundha | katêmpuh rumaksaka | rina wêngi bau suku | tumindak nglakoni prentah ||

2. lamun dika datan bangkit | mêdhar pitakon punika | sampun dika madêg katong | yogyane dadya ojogan | nyênyunggi mring Samarang | sathithik druhakanipun | nora ulah kawruh byuha ||

3. wajibing nata mêruhi | byuha kartining buwana | yèn tan mangkono wong dhèglèng | glèlang-glèlèng ambêk nata | jinunjung winiwaha | yèku narendranirèng dus | Kancil ingkang kaya sira ||

4. lêlêthêk durtèng pakarti | ratuning nisthip paragak | musibat la'nat kalbune | kumawawa gunardika | paksa sudirèng jagad | jatine durta rèh bujuk | kuthip nrèthèk tharuthukan ||

5. kelasing rat glahing bumi | dudu jamak nata tama | kodhêng pakaton mangkono | pirabara naradipa | bangkit maluywa praja | byuha byakta ginulang glung | adil karta wisnukara ||

6. priye yèn sira tan mruhi | cupêt ngasta witaradya | dudu pramodaning katong | tumpang suh angayawara | puwaraning ruhara | sabarang karsa dhinaku | durung wruh peranging nata ||

7. puniku sual sun Kancil | sun karya pasal sapisan | dene ingkang kaping pindho | kula pitakèn jandika | pakênira sênêmbah | dhumatêng samaning makhluk | gêng alit mèstu sumarah ||

--- 3 : 228 ---

8. samya jrih myang nganggêp Gusti | awit ngaku Khlifahing Hyang | jumênêng wakiling Manon | mêngku adil khukum 'akal | kêcap mangap Suleman | kudhung walulanging Kuwuk | sabên bocah cilik eram ||

9. lan malih dika sêngadi | antuk buslid pasèt prasman | gosok barliyan mancorong | ngaku paringing Pangeran | malekat nidikara | tumurun maringkên wahyu | wahyanirèng drajad kobra ||

10. kula tan nggugu sayêkti | wit miturut dalil Kuran | malaekat datan katon | apa manèh Maha Mulya | tan kantha warna arah | kacakra nèng jisim dudu | lajamana lamakana ||

11. walalidin walanidin | waladihni lakarija | pasthi pandhakunta goroh | ngakwantuk ganjaraning Hyang | sayuta doracara | ngapusi silaning ayu | nasarkên maring kang wuta ||

12. prajahlu bodho wêdyasih | nganggêp puja puji sêmbah | puniku palsu dayane | justak kêthèn wendran yutan | wong ngaku ratu gampang | lah êndi wajibing ratu | paring walês marang wadya ||

13. anèng nusapada iki | yogyane asih sasama | mangka dika gawe bodho | tan wruh pêpacuhing kitab | têkên sudarsanarja | parandene têka limut | tan mèstu cêgahing Kuran ||

14. mungguh kèdhêping kumêlip | kang warna buslit Nèdêrlan | intên barleyan lètêr We | punika sèwu dupara | bagjane kênèkêr glas | ngaku sinihan Hyang Agung | wus têtêp yèn ngapus krama ||

15. nadyan anaa kang bêling | mokal lamun tanpa sangkan | gumlindhing atinta gêdhe | tan wruh gunaning pisaca | nggêgèndèng manjing nraka | inganggêp saking Hyang Agung | Allah trêsna marang sira ||

16. lamun anaa Hyang Widdhi | pasthine tinitah padha | yèn tan anaa Hyang Manon | apa sababe sulaya | gêdhe cilik bineda | sugih miskin ala bagus | bagya cilaka sangsaya ||

17. tumulya pasal kaping tri | kula mangke atêtannya | makatên jarwakna age | ingkang têtela satmata | bab kawruh jêngandika | pundi sajatine 'ilmu | ing pundi kang dipun puja ||

18. puji-puji rina wêngi | kang gumêlar tatèng syara' | winor yudanagarane | kukuh karsane jêjarwa | makatên kula tannya | kewan kadadiyanipun | amêndhêt saking punapa ||

--- 3 : 229 ---

19. sampun dika pêthèk wadi | madi mani manikêmnya | kang sarta sampun pinêthèk | bumi gêni angin toya | puniku catur bocah | goroh tan kenging ginugu | gêgandhulan kawruh kuna ||

20. kadadiyaning kumêlip | ingkang sifat khayun khayat | lah saking pundi sangkane | nuli tumitah nèng dunya | rumakêt pancadriya | kala bayi têkèng sêpuh | punapaa sangêt beda ||

21. dika kala maksih bayi | tan wruh satunggal punapa | pangambu pangrungu kothong | paningal tuwin panabda | sêpi sunya tan ana | nadyan angên-angên suwung | tan ngrasa darbe jiwangga ||

22. sawusing antara ari | dika wruh yèn darbe khayat | khayun sapanunggalane | pancadriyanta rumantya | yèku sabab punapa | jawabên kang têrang têrus | cocog lan saksi tandhanya ||

23. ndarbèni daya linuwih | angên-angên kinawasa | lah saking pundi sangkane | duk jabang ika tan ana | dika pribadi priksa | kala maksih jabangipun | tan wruh sawiji punapa ||

24. maksih tunggil pasal ping tri | bab uriping janma kewan | saking punapa sababe | uripe saking punapa | patine krana apa | sabên dina longing umur | tan karasa mungguh dika ||

25. puniku lah kadipundi | babarên pitakèn kula | nyawa siyang ratri kalong | pundi ingkang datan owah | pundi kang klêrês suda | Kancil Mongpraja wus kasub | patute baut narbuka ||

26. sampun dika pêthèk angin | punika pikukuh iman | kêmladheyan nunut bae | jèrèngên ingkang têtela | cature wong sarjana | nora ewuh manjing kalbu | jro nala luwih narima ||

27. pasal kaping catur mangkin | anggèr pitakèn manira | lêlakoning laku elok | ugi jarwakna kang têrang | sabab dening punapa | gumêlar kabèhing wujud | ing têmbe sadaya sirna ||

28. ingkang kaping lima mangkin | manira tannya mring dika | nèng akhirat urip manggon | ing pundi sasananira | punapa nèng kuburan | punapa midrawa mabur | ngawang-awang rawismara ||

29. punapa malêbèng jisim | murda sapangandhapira | punika gusthika bosok | mumur sadaya susawa | punapa malbèng netra | ing kantha warna dumunung | manjing mring abramarkata ||

--- 3 : 230 ---

30. pinggir putih sêmu kuning | têngah biru byar katingal | byar ilang ana ing kono | nuli tumanggal manjanma | nuksmèng putra narendra | rêjasa rahsèng tumuwuh | pêrêsan jalu wanudya ||

31. sorog pandam surya crêmin | wayangan mayangga seta | wus dene wêwayangane | darusalam kang sasana | mungguh wong ahli rasa | punapa manjing adêbun | danbi manggih buwanarja ||

32. pundi kang dipun dunungi | tuduhna kraton akhirat | kang sarta katon samangke | ywa kacakrabawa kira | bênêr luput tan wikan | saka warsitaning guru | kang ginugu punggung mudha ||

33. kaping nêm patakon mami | palêthèking surya wetan | sore surupe mangulon | punika sabab punapa | tuwin malih rêmbulan | yèn maksih nom krowak dhuwur | yeka kalingan punapa ||

34. mangetan lakuning sasi | dene mangulon sirnanya | saking pundi daya wite | jarwakna ingkang têtela | tuhu yèn Amongjagad | saha malih kula yun wruh | pundi têngahing buwana ||

65. Dhandhanggula

1. madubrata ndi watêsing bumi | jamake wong aran Amongjagad | pasthi wruh ing dunya kabèh | ywa aran mangkonèku | lamun datan bangkit sang jarwi | têtêpana aranta | kang krungu tan mêsgul | dika aran Amongjagad | ingsun kira saglêpung pinra sakêthi | durung wruh têgêsira ||

2. ciptaning tyas pikirmu pribadi | Manonbawa mbawani buwana | ananging kawruhe rèmèh | anggêpe rat ginulung | myang misuddha pangulu patih | jaksa rukuning krajan | saha ngganjar payung | putih kuning mawa prada | undha usuk gêdhe ciliking palinggih | sun kodhêng jarwakêna ||

3. lan jèrèngên pasal nêm ing nginggil | nênêm wau kang titi trang nyata | sun kira datan kawêkèn | dadya ngèngrèngan sunu | trah-tumêrah ing dina buri | kawêntar kajuwara | sampurna ing kawruh | kaanane winatara | patang kêndhang kartase durung nyukupi | maksih luwih carita ||

4. sun narima ringkêsan bae wis | karya grenda budi ingkang papak | kêthul mingise wit kiye | nanging sirèku tamtu |

--- 3 : 231 ---

siji bae durung udani | kodhêng bingung mak-makan | judhêg pamikirmu | sacuwil tan bisa mbuka | yèn bisaa sasat 'ilmuningsun uwis | dumunung anèng sira ||

5. ananging sun watara sirèki | ewuh pakewuh nuwuhkên tuna | nadyan kawruhira akèh | bab sampurnaning layu | miwah 'ilmu sampurnèng urip | nanging ta durung pisan | bab iku yèn nggayuh | wêruh manèh yèn wêruha | krungu lagi iki sual sun nêm warni | dahat ambrastha prana ||

6. ingkang nggugu kawruhmu wong pingging | pantês têtêp luluh lalu nrima | kagèndèng bodho atine | bisa wruh Dzatu'llahu | hakekating kewan kaèsthi | èsthining tyas wus nyata | nora wruh kêpaung | wus jamake kewan tuna | angantêpi kang dudu dinalih yakti | beda lan Manonbawa ||

7. nadyan yakin kudu kanthi saksi | maksih binudi dayaning rahsa | duga-duga prayogane | yèn wus khusus tyas maksud | dyan kiniyas jamak murtyadi | tan nggugu wêjanging lyan | tan maido tutur | kabèh pinanjingkên nala | nora lali ala bêciking pakarti | karan wong wicaksana ||

Sang Kancil kajudhêgan banjur nalangsa marang Sang Dwija Wrêka

8. duk samana Kancil dupi myarsi | sualira Sona nêm prakara | brastha netya nglong ciptane | wus rumasa tan nggayuh | sandeyèng tyas Kancil kapati | njêngêr sapta pandurat | nrantang linglung limut | sru mêmudya rawismaya | mandrawasa yayah supêna nèng kanthil | bab widagdèng patannya ||

9. widik yayah rawismaya murti | ngartikèng tyas tuhu dwijotama | khusus bauding pitakèn | mangkana tyasnya tuwuh | sayogyèngsun manganor dhiri | talabu'l ngèksikara | karananing idhup | murih wahyaning wasita | dunya akhir yakin kanggo ngrika ngriki | nulya arsa mangrêpa ||

10. jlog tumurun saking gyaning linggih | silakrama asta ngapurancang | Kancil Mongpraja ature | adhuh Murtining Wiku | kawruhamba

--- 3 : 232 ---

sampun brastha nis | samênir tanpa nalar | wit sual pukulun | kang ngèbêki bumi kasa | amba nyuwun lumungsur wibawèng aji | narimah nilas karsa ||

11. prajèng Gêbangtinatar samangkin | jaksa patih pangulu myang wadya | kang mudha punggung ing mangke | kastaa sang dibya nung | pralêbda mring Suracalardi | ngatas rèh samaita | wimbanirèng wuruk | tatasilèng madyapada | jêng paduka kang sayugya ambawani | wibawaning bawana ||

12. bawanipun amba maksih pingging | gampil têmbe yèn sampun prastawa | tatas titis ing pangêrèh | amba nyuwun sumambung | suhunaning prajarjèng Jawi | sigra pra wadya murda | para pinisêpuh | kyai pangulu Wauwa | Sardula myang Rangutan Kêthèk Anjani | kang dhèrèk mangun basa ||

13. samya ngaras padane sang yogi | matrapakên silakrama arja | rèh Gustine wus katitèh | mirut dibyèng ratwagung | marma para punggawa sami | tan ana ingkang mrêngkang | kabèh marikêlu | tundhuk griwa nor bantala | nguncup asta mangataskaraning urip | ing kangjêng nayakèngrat ||

66. Maskumambang

1. lir maskentar sang dwija wahyanirèng sih | lir glas tibèng sela | kumêpyur sajroning ati | malat trisnaning wardaya ||

2. dupi mèksi siladamanirèng Kancil | mabukuh krêpana | muka lir konjêm pratiwi | saha wadyabalanira ||

3. dwija Sona kogêl koguking panggalih | mring kang mêlasarsa | tandha Kancil tyasirèki | tuhu widagdèng wêweka ||

4. mahabrata tan kilap waskitha titi | sajêroning prana | -nira Kancil Amongbumi | dènnya masrahkên nagara ||

5. lêga rila nulya Sona nabda aris | dhuh sang abipraya | kang mbawani bawana di | misudhèng sih ing sasama ||

6. prayogane tutugna ingsun mbyantoni | mêngku witaradya | wahyaning wahyu kobra ji | ratwagung lajêring dunya ||

--- 3 : 233 ---

7. amasesa sèsining kutu kumêlip | yèn sira tan wignya | wajibing ratu mumpuni | bijaksa rèh samaita ||

8. lan patakon ingsun kang nênêm prakawis | iku sèwu gampang | mung angèl kalingan budi | nglangut sopananing cipta ||

9. kang nukarta rumakêt rasika wrêdi | tyas mandanumaya | tumêmpuh jamuna rukmi | midrawa pancêring nala ||

10. iya iku panjuta tan kênèng pati | sutarta jiwangga | de urub-urubing gêni | netra karna ganda rasa ||

11. kang minangka sunarnya sajroning ati | lah anggèr rasakna | ngungkuli hyang bagaspati | jatine sajarwotama ||

12. kang dadya nur karna netranta pribadi | winatarèng duga | prayoga dadi sêsaring | padhang trang lir kèkêr Prasman ||

13. patanyèngsun nêm pasal kang bakal dadi | adining kasmala | subrastha yèn wus kawarti | lamun sira bisa tampa ||

14. luwih ewuh wastra baksananing ati | tan liya pêpadhang | kang pancadriya rumanti | pirantining madyapada ||

Sang Dwija Wrêka karsa kaboyong Sang Kancil banjur bêbarêngan marang Gêbangtinatar

15. Kancil matur adhuh sang pramodèng rêsi | amba mèstutyarja | paduka ulun aturi | têdhak dhumatêng mudraka ||

16. ing nagari Gêbangtinatar sang rêsi | manggut waskithèng tyas | trus trang jiwangganing Kancil | dènira masrahkên praja ||

17. ananging sang rêsi dahat tan ngrujuki | mung sarjuning driya | suyati yun misêpuhi | birat rajah kalacakra ||

18. nulya jêngkar samana murti kêkalih | kang mangka manggala | Dêbi Arimba Arimbi | njajari wisatèng wuntat ||

19. Ki Pangulu Uwauwa myang 'ulami | tumutur ring wuntat | jajar lan Srênggala cantrik | Ajag Angsang Kikik Wawar ||

20. Radèn Amongpraja jajar lan sang rêsi | dupyarsa kawuntat | Kancil tinarik njajari | sasêtrip mètêr tan pisah ||

21. êlur sêlur tan sêlang-sêling apdhêling | golonganing lampah | tan kêna kasêlan siji | yayah lakuning widagda ||

--- 3 : 234 ---

22. tan winarna ing marga samana prapti | tumamèng kadhatyan | lunggyèng dirgasana rukmi | dwi umaksi purwantara ||

23. duk samana marêngi ari Rêspati | ing masa Kartika | Silapangga punang warsi | etanging surya sangkala ||

24. swara anrus panagan sumangga mugi |§ (897) [Sengkalan: swara anrus panagan (897 A.D.)]. sami kaetanga | panggihing Wrêka lan Kancil | pintên taun praptèng mangkya ||

25. sigra-sigra kyana patih jaksa Èsthi | waskithèng pamawas | gustine wus eka kapti | karweka mring ngabantara ||ngabyantara.

26. mandhadhap plêk laku dhodhok ngarsa sang dwi | manthuk Murti Karwa | patih jaksa dyan ngabêkti | sampeyanira sang tapa ||

27. iya iku papatih dadi panarik | mulang tyasilèng lyan | sêmbahe minangka crêmin | marma sadaya punggawa ||

28. kanut marang pangabêktinirèng patih | nulya narapraja | wrata sadaya gêng alit | istha tatanirèng janma ||

Sang Kancil Amongpraja anjunjung Sang Dwija Wrêka linuhurakên asma Panêmbahan Juruwarta

29. wusnyantara wau Amongpraja ngliring | nandukkên nayana | patih tampi sasmita ji | alon marêk pasang karna ||

30. Amongpraja andhawuhi kyana patih | rêngên Kartipraja | dhawuhna sagung kumêlip | ing jurang trêbis wanarga ||

31. yèn samêngko wimbaning partisara di | Dwijèng Suracala | sun junjung luhur wêwangi | Panêmbahan Juruwarta ||

32. amartani siswa pawiyatan nagri | ing Gêbangtinatar | tuwa anom gêdhe cilik | ngatas pajaraning gêsang ||

33. panêmbahan pardikane kang pinundhi | sinêmbah ing kathah | ratu pangulu pêpatih | jaksa arya kulawarga ||

34. para wadya kang sumewa saur paksi | mantrastutyèng karsa | suka sukur angamini | santosanirèng parentah ||

67. Sinom

1. mupakat prentah sri nata | kabyawara sanagari | pra santana ingkang seba | rêsi ajar ingkang mrêgil | wus sami angèstrèni | partisaranya sang wiku | jumênêng panêmbahan | wênang sinêmbah sabumi | para taki para tapa sukur suka ||

--- 3 : 235 ---

2. samana Sang Panêmbahan | Jurumartani pinundhi | sinung suyasa satunggal | anèng sakulon cêpuri | rêspati singit sêpi | mènggêp pasênêtan wiku | dene murid Srênggala | Ajag Angsang Wawar Kikik | ingkang kèri nèng wukir wus samya seba ||

3. samya ingupa pisrama | ana winisudha linggih | kapangkat sapantêsira | dadya dwija rêsi-rêsi | indhung manguyu cantrik | kang maksih muja nênungku | kèh kadanan pradana | lumintu ing sabên sasi | marma sagung Srênggala ngajap sumantra ||

Sang Kancil minta jarwa têrange 'ilmu sajati Sang Panêmbahan anjarwakake'ilmu pêpingitan Sang Kancil bisa nampani kalayan waskitha

4. samana alama-lama | siyang ratri nganor budi | Mongpraja mring sang sinêmbah | inganggêp ayah sayakti | sadarpa amangudi | dining kawruhing tumuwuh | gunarjaning prajarja | sadu parikramaniti | ambawani wibawa buwana kobra ||

5. nuju ing ari sajuga | Mongpraja sowan sang rêsi | nyuwun sih lunturing jarwa | babare sual nêm warni | kang nglimputi tyas pingging | mangkana Mongpraja matur | adhuh sang panêmbahan | amba minta wahyèng budi | pranawamba yun ngungkuli diwangkara ||

6. lir sabda tuwan kang mimba | gurendaning ati budi | kang cukul panca pramana | amba yun têrang rumiyin | panguwaling karna dwi | netra grana tuwin tutuk | yèn punika wus têrang | umanjing kulunging ati | kumacèlu ring wahyèng warsitotama ||

7. ananging pangintên amba | datan sagêd anampèni | rèh kawistara ing wêca | mêmêt nyamut amêtêngi | marang kang dèrèng tampi | cupêt manah ingkang cubluk | ewadèntên tan wêgah | sabab paduka payungi | anênetah nuntun lumpuh midêr ing rat ||

8. ngandika sang juruwarta | bênêr ujarmu malar sih | aturira nggèndèng trisna | nênarik wahyaning jarwi | punang kawruh sajati | sun kira sira anyakup | sukur sèwu ing nala | bakal warsitèngsun dadi | lah bukakên anggèr pamirêngmu karwa ||

--- 3 : 236 ---

9. karna netra darbe daya | ing swara tan wujud kèksi | têmpuh sampyuh lir cancala | manjing sajêroning budi | dadi jumênêng ati | ing kono ana maujud | aran tirta nirmaya | banyu khayat midrèng jisim | lah ta iku kang bangkit liring panêdya ||

10. sajêromu ana napas | manjing mahyèng netra kuping | ingkang datan darbe karsa | datan krasa ngêlak ngêlih | waras utawa sakit | kang ndarbèni karsa banyu | manjing panguwal driya | sampèninampèni. sabarang kalir | nanging kudu kanthi dayaning udara ||

11. têgêse udara hawa | hawa basane ing 'Arbi | wong Mlayu aran udara | wong Jawa tan darbe nami | kasêbut wangwung kaki | lirnya wangwung iku suwung | sajatine udara | angin ingkang nora mosik | nanging asung ni'mat mratani sajagad ||

12. sadaya kang aran gêsang | antuk hawa mahya manjing | manuksmèng nupus tênapas | nêmpuh tirtaning khayati | lir kang wus kocap ngarsi | tanpa pangrungu pangambu | dene warnining hawa | datan kakung datan èstri | midêr ing rat nanging dinumuk tan kêna ||

13. marma pra guru mèh warta | iku dèn anggêp Hyang Widhi | kang mangkono durung muhtas | kang tatas sarta patitis | tan arsa nganggêp yêkti | kajaba muhung pikukuh | urip olèh udara | tirta maya plas nampani | wus têtela manjing purbèng pancadriya ||

14. udara nglêlantih nala | ni'mat trangginas nampani | ngambil pangrungu pamriksa | kadayaning hara luwih | kuliling midêr jisim | angên-angên kuwat kukuh | njênêngkên solah bawa | dadya panyananing ati | kabèh-kabèh hèh ta kaki rasakêna ||

15. napas nupus myang tênapas | anpas nanging seje margi | lah iku asale tunggal | kang seje mung banyu urip | khayati dunya kaki | têmbung 'Arab wus kalaku | midêr midrawèng raga | dalah pranawanta kaki | ambu rasa pangrungu lawan pamriksa ||

16. akèh kang kumpul satunggal | uga akèh kang tan tunggil | mangkono kodratu'rrahman | rina wêngi mèt pamyarsi | saha mamèt pangèksi | ngupa pangucap pangambu | dalil kitab Muhtasar | pancadriya darbe pamrih | muhung napas kang tan milu apa-apa ||

--- 3 : 237 ---

17. mung dadi pikukuh iman | myang pikukuhing sifati | lêbur yèn tan ana napas | subrastha wor asal bumi | dayèng khayun mumpuni | marma ran sifat tasiku | têgêse kang karya sah | kabèh ananing dumadi | njumênêngkên marang sifat kalih dasa ||

18. lan manèh wêruha sira | kewan iki awit bayi | praptane samêngko uga | maguru sasami-sami | guru-ginuru kaki | nini saha bapa biyung | tan pae lawan sira | titènana kang nastiti | kang narima pintêr tuwuh saking liya ||

19. Amongpraja aturira | kasinggihan jêng sang yogi | panêmbahaning sadunya | amba sèstu sampun tampi | namung nêrang sakêdhik | bab khayat dunya nggènipun | tirtaning kang nirmaya | parnahipun ingkang pundi | dahat kodhèng kawula mêminta jarwa ||

20. sang jurumartani njola | ho o siranggèr patitis | bab iku sèwu tan kêna | guru tan wignya sung uning | gumlèthèk nanging wêrit | lah coba ingsun awèh wruh | pasêmon tampanana | uninong aning ununing | aningunong uninong aning anana ||

21. lah iku kaki nggonira | saksine tyasmu pribadi | kewan arang ingkang wikan | sanadyan kang nulis iki | ngrêncana ngathik-athik | ingsun kira durung wêruh | jaba Asu njlagêdhag | kang brata Suracalardi | Amongpraja trusthèng tyas nungkêmi pada ||

22. ing Kangjêng Mardikabrata | Kancil gêtun dènnya urip | dupi minum punang tirta | purbèng napas miwah pikir | têrang wus tanpa kardi | sawusira minum wau | Kancil matur wotsêkar | mangkyamba sampun udani | siyang ratri kalonge nyawa kawula ||

23. bilih makatên kawula | nyuwun gêsang datan olih | nyuwun pêjah datan angsal | awon sae sugih miskin | sakeca mulyèng jisim | nyuwun tamtu datan antuk | sakadarnya kewala | pasthi punika nututi | têtelanya manawi sampun kawahya ||

24. Srênggala sumambung nabda | wus bênêr tampanirèki | murub atimu sayuta | danumaya manjing ati | sranane kayu garing | iyèku angên-angênmu | pancadriya mirantya | mulad midêr jroning jisim | kang mangkono wus têngaluk warsitarja ||

--- 3 : 238 ---

25. wus wêruh dayaning prana | ganda rasa karna èksi | tuhu mrêdu musthikèng rat | bijaksa manyakrawarti | mududhèng sih sasami | mbawani buwana kasub | ing jagad kawiryawan | mijèni cukul ing wuri | ing sasmita kawruh kang murti sarjana ||

26. prataksitaning utama | pancèrèting tyas kang mingis | ginrenda dayaning jarwa | mirut kasmalaning bumi | tulus midana juti | baud ngulah kawruh khusus | salawas sun tan wignya | mahyakkên sarjana luwih | ingsun tulis ing kartas lagi punika ||

27. para siswaningsun Sona | Ajag Wawar Angsang Kikik | pawiyatan Suracala | durung ana kang sun dumi | panguwal netra karni | para 'ulama myang jamhur | durung mirib lan sira | nadyan wus tumrap ing dalil | parandene sayuta siji kang bisa ||

28. lawan malih anggèr sira | durung kongsi sun jarwani | pêpacanganing agêsang | sida seda saking urip | sira wus mèh ngênggoni | praptaning sasana luhung | mung sasiliring bawang | jroning kanjan-mahpiyani | sira kaki uning anong uninganna ||

29. prataksitaning utama | bangkit mèt prana malarsih | ing liyan maharjèng kara | kranarda sira mangudi | tambahing kawruh murti | lêpiya di kang wus maksud | sukur anggèr ciptanta | tabêri ngatas sajarwi | nora merang ngênorakên jiwaraga ||

30. yayah kasmaran wanita | mring barang wuwus sun kaki | kabèh kang wus manjing cipta | Amongpraja matur inggih | dhuh sang sudibya murti | sadaya èstu kacakup | tumanêm manah amba | namung wontên kang tan uning | bab udara têmbungipun 'Arab hawa ||

31. nyuwun mugi katêrangna | supados sagêd naksèni | rèh sadaya 'ilmining Hyang | kêdah sumêrêp sajati | yèn datan wrin sayakti | tamtu datan aran 'ilmu | atasing Manonbawa | sadaya mimbanirèng ling | kêdah uning datan ngawag ruwag-ruwag ||

68. Asmaradana

1. kasmaran ing tyas sang rêsi | myarsa ature Mongpraja | nabda hèh ta sira anggèr | bênêr pangatasmu priksa | katranganing udaya | supaya nrima atimu | têrange dayaning hawa ||

--- 3 : 239 ---

2. obahe udara dadi | angin midrawa ing jagad | kang nora obah arane | hawa dene saksènira | yèn sira arsa têrang | lah age jukukkên gêndul | kang kothong kalawan toya ||

3. ing jêmbangan kang mênuhi | nuli gêndul lêbokêna | njungkir bolonge nèng ngisor | pasthi nora klêbon toya | awit jro gêndul ana | udara kêbak ing ngriku | ndarbèni daya santosa ||

4. banyune tan bisa manjing | nuli gêndul rubuhêna | hawa andêdêl wêtune | mblubuk-mblubuk suwaranya | dadyangin aranira | mahya saking jroning gêndul | cobanên anggèr ing mangkya ||

5. lan malih njupuka kêndhi | kang wus kêbak isi toya | kang ndhuwur tutupên age | nuli cucupe êcurnya | pasthi banyu tan mahya | wit hawa tan bisa mlêbu | sabab katutupan asta ||

6. ana manèh kanang saksi | kadayanirèng udara | upamane klênthing kathongkothong. | sèlèhna ndhuwuring toya | èstune jun kumambang | awit sajêroning êjun | kêbak kadunungan hawa ||

7. sababe udara kaki | anduwêni daya ringan | lire ringan iku ènthèng | tinimbang kalawan toya | marma yèn êjun pêcah | wus tamtu yèn banjur klêbu | rèh wus koncatan udaya ||

8. ana manèh tandha yakti | giyota madyèng samudra | kêna dèn anggo wong akèh | kumambang isi momotan | kongsi akêkoyanan | yèn kenging bancana rêmuk | hawa mendra saking palwa ||

9. giyota kêlêm tumuli | akèh janma kasangsaran | ana tandha nyata manèh | mina kali myang samudra | sring nênggak ngupa hawa | kabèh kewala kang idhup | santosane saka hawa ||

10. pira-pira mangka saksi | pitulunganing udara | barang suwara malbèng jro | nêmpuh karnaning manusa | saha kupinging kewan | lakune ngungkuli punglu | mêsate saka ing tinggar ||

11. adoh parêk andhisiki | kanyataane mangkana | hèh ta wêruha siranggèr | sun nabda sira miyarsa | awit tanpa antara | nadyan adoh hawa mlaku | sira wus kêrêp uninga ||

12. pistul bêdhil mriyêm muni | katon saka ing kadohan | kumêbul dhisik wêtune | kèri nêmpuhe kang swara | rèh hawa lagi mlampah | praptane manjing pangrungu | luwih manèh kang têtela ||

--- 3 : 240 ---

13. yèn sira micara munggwing | omah gêdhong dhuwur dawa | pasthi ana kumandhange | kèri nirikakênnirokakên. swara | tan siwah uninira | poma kang waskitha kulup | wong bijaksa nawungkridha ||

14. panjèrèngsun dhuwur iki | upayanên wuwuhana | takokna mring kang waspaos | aywa merang muruhita | mring pra kridha mardawa | kang kasub widagdèng kawruh | anggèr yogya guronana ||

15. yèn sirarsa wêruh malih | lakuning udara rikat | bisa angungkuli pelor | coba nalènana krêtas | gantungên lawan bolah | tumulya bêdhilên kulup | kang parêk pasthi tan kêna ||

16. awit hawa anglancangi | nèng ngarêping mimis iya | tandhane kabur kartase | kababan dening udara | marma krêtas kumleyang | têmah pelor tan tumanduk | wus mutamat kawruh falak ||

17. lah anggèr njukuka malih | kinarya tandha satmata | iku saksi rupa dêmon | uga anancanga krêtas | wawasên kang sanyata | tumuli sêbulên kulup | lêmpung tan tumibèng krêtas ||

18. titènana bab puniki | klakuan sifating hawa | gêni murub upamane | norantuk hawa pralena | datan dadi dahana | upêt lêbokna ing bumbung | tutupên mati sakala ||

19. myang bisa gawe gandamis | arum-arum mau hawa | akèh kewala tandhane | saksi gumêlar ing dunya | watara satus yuta | kuwate kaanan wujud | kabèh dayaning udara ||

20. yèn sira lumaku kaki | têtulung nyurung mring sira | yèn njangkah tangan kumlawe | anut dumunung wurinta | kang ngarsa nyingkir piyak | cêtha têtela kadulu | sarana kaca prasana ||

21. udara iku nèng bumi | ujaring pujangga falak | amung sèkêt pal dhuwure | sadhuwure ora ana | tanpa nêmu kaanan | dene hawa warnanipun | lamun adoh biru tuwa ||

22. iku warnane kaèksi | ananging tan kasatmata | priksanana langit anggèr | kabèh biru warnanira | sayaktine akasa | nglowong nora warna biru | kang biru punika hawa ||

23. tan pae samudra ardi | pinriksa saking kadohan | masthi yèn biru wujude | uga padha lan akasa | myang alas desa-desa | andarbèni dhasar biru | iku thole kang waspada ||

--- 3 : 241 ---

24. aywa ngawur bae kaki | kèlu lalu ngilo mudha | punggung kang cupêt budine | wruh kaanan tan rinêmbag | mung trima lowung gêsang | mring guna kagunan tambung | tan nêdya ulah bijaksa ||

25. marmane wruha sirèki | biru yèn saking kadohan | wit saking hawa kandêle | darbe rupa biru tuwa | sayaktine akasa | nora darbe rupa biru | bola-bali mrih têtela ||

26. yèn kewan cupêt ing budi | kawruh mangkono tan doyan | dèn arani kawruh rèmèh | ana ingkang nganggêp Allah | anggèr iku wus lumrah | mangka sanyatane dudu | ywa kèlu salahing cipta ||

27. ciptaning wong mudha pingging | para guru 'ilmu rasa | kang kanggo ing kana kene | datan liya mung punika | mandhak kang ahli pana | nora pisan wani ndumuk | rèh iku wujuding Suksma ||

28. kabèh jarwaningsun iki | kudu têngalukna ing tyas | bêbasan têngaluk anggèr | iku têmbunge wong Êsam | kasêbut anèng Kuran | têgêse pamrihing kalbu | ingkang kongsi bisa paham ||

29. apal jaba jêro bangkit | lire jaba pancadriya | kang yogya lanyah wêruhe | ngupaya têmpuhing swara | nyiram tirta nirmaya | yeka dununging têngaluk | pangudimu ratri rina ||

30. wus kalêbu yèn mumpuni | tabêri saliring guna | èstu murtyanjana kaot | ngawruhi ing jêro jaba | paningal pangandika | pamyarsa tuwin pangambu | wus kasêbut yèn sarjana ||

31. wruhanta sajroning jisim | ana wujud kaya sira | marmane yèn sira sare | tan bangkit mriksa miyarsa | nadyan anaa ula | ingkang mandi nora wêruh | iku tandha lamun ana ||

32. ingaranan ati eling | nanging dudu Gusti Allah | puniku gurumu dhewe | marma kaki golèkana | êndi kang ngajak nendra | êndi ingkang ngajak idhup | tunggal kang ngajak pralaya ||

33. dene angên-angên eling | mung minta enak kapenak | lara sungkangsungkan. mati êmoh | wangsul tirta kang nirmaya | adrêng sabarang karsa | nendra tan kêna sinayut | luwih manèh yèn antaka ||

34. sajatine napas eling | mung dadi pikukuh Islam | lah êndi anggèr Islame | cacade iki kang maca | kang nulis kang miyarsa | nora wêruh êmbuh mau | upayanên kaki poma ||

--- 3 : 242 ---

35. sababe atasing pati | tan ana kang bisa nulak | sanadyan dhoktêr Sêpanyol | Inggris Paris dhoktêr Prasman | kang wus gunarda pana | ngupaya nggone tan mangguh | kang aran Islam punika ||

36. yèn santri buki ngarani | Islam slamêt têgêsira | kyai kang wus lumrah ngakèh | amung kaborong kewala | Islam klimah tayibah | ana kang ngarani makbud | ana kang ngarani pasrah ||

37. mungguh satêmêne kaki | kang aran Islam punika | kang nambêlèh kanapsone | kasêbut kitab Muhtasar | Islam dabiku'lnupas | têgêse nêmbêlèh napsu | wus sah sira ngaku Islam ||

38. Amongpraja matur inggih | cundhuk lan guru kawula | sajêroning cipta cocog | lêrês sang mardikaningrat | nambêlèh napsu hawa | kadya kang kawula unjuk | uninong aninganana ||

39. mèsêm Sang Jurumartani | iku anggèr kasinggihan | wus madya mêngku kaprabon | pramodaning witaradya | mbawani ing bawana | sira wus nyakup wulangun | ing kawruh agama mulya ||

40. wus sun palastha bab iki | kaki ywa kadawa-dawa | mardawa kèh tanpa gawe | mangkya sayogya narbuka | patannya nêm prakara | pasal sapisan sun tutur | mungguh wêwênanging nata ||

Sang Panêmbahan Juruwarta banjur narbuka jawabane patakonan pasal sapisan

69. PocungTeks asli: Pucung.

1. kang pinucung jaman Kukila rumuhun | kene tanah Jawa | manusa lir pendah paksi | tanpa yudanagara tanpa agama ||

2. nguni rusuh ingkang rosa gêlut ontung | durung ana sastra | wong lagnyana wandanya lir | sato kewan tanpa wisma ngêrong samya ||

3. nuli nêmu busana klikaning kayu | murat sinasaban | baksana wohing warsiki | palawija juwawut jagung katela ||

4. watarantuk laminira sèwu taun | kang jaman Kukila | waktu samana wong Jawi | amung bapa biyung kang dèn anggêp nata ||

5. samya njunjung pinunjung kurmatan agung | kang sawênèh ana | inganggêp Hyang Maha Suci | nulya ana wong Sangsêkrita ngajawa ||

6. amêmuruk sastra agama pikantuk | myang yudanagara | duga-wêtaraning urip | nêmbah dewa ingaran agama Buddha ||

--- 3 : 243 ---

7. iya iku utusan Brahma myang Wisnu | kawruh Sangsêkrita | Hindhu Kling basane Jawi | duk samana wong Hindhu dibyèng bawana ||

8. akèh guru gêgaraning tyas rahayu | kala jaman Buddha | misudha lajêring bumi | kang minangka atining jagad narendra ||

9. marma ratu têmbung ratu basa Hindhu | kang kanggo wong Jawa | kalantur kongsi samangkin | sri bupati kanggêp dewa ngejawantah ||

10. waktu iku angadêgkên candhi watu | ingatur rêrênggan | gambar patra kara siddhi | iya ika Barabudhur lan Prambanan ||

11. candhi Sèwu mangetan mangulon têrus | tan ngamungkên Jawa | ing sabrang saha ing Hindhi | luwih manèh patilasan jaman kuna ||

12. luwês bagus watu-watu kang dèn atur | kaki ingsun kira | jaman iki kinèn kardi | niru candhi wus pasthi nora kuwawa ||

13. akèh watu ingkang cinitra sastrayu | isi warsitarja | pêpèngêt nêmbah ing Widdhi | supayemut suminggah alaku durta ||

14. dene ratu tanah Jawa wite mupu | beya pajêg lêmah | ingkang rupa pèni-pèni | rajapèni pêpêlikan mas salaka ||

15. rèh janma gung bumi desa tanpa kayun | amung sri narendra | kang dadya waktraning bumi | wus kasêbut jumênêng Gustining dunya ||

16. gusti iku angên-angên jarwanipun | tunggal karan prana | atining jagad sakalir | mobah molah karsaning sri naranata ||

17. watarantuk laminira sèwu taun | nulya kabalabak | sangsara gung andhatêngi | banjir bandhang tanah Jawa karusakan ||

18. duk rumuhun Sumantra Borneo kumpul | Sèlêbês lan Jawa | Bali Timur dadi siji | pêcah-pêcah pulo karan jaman tirta ||

19. masa banyu lêgok jurang kambah ranu | tan lami tumulya | wong bangsa Cina nga-Jawi | nggawa arta rupa gobog jaman kuna ||

20. wismèng dhusun akèh Cina dadi buyut | lirnya kamituwa | nyangga pajêg ring narpati | bayar gobog sabên kala masa warsa ||

21. kèh kapencut wong Jawa atiru-tiru | mring basaning Cina | kaya pajêg iku kaki | kawruhana basa nyilih têmbung Cina ||

22. wêwalêsmu yèn sira jumênêng ratu | marang narakarya | dènta mupu rupa dhuwit | angadili kang padudon rêbut basa ||

--- 3 : 244 ---

23. natrap khukum midana satru jaya gung | kang ngrusak silarja | durkartanirèng sabumi | sandeyane kuli mêminta narendra ||

24. kudu-kudu misudha patih pangulu | jaksa rumaksaka | siyang ratri ngupakarti | kongsi lama mamrih ngrabasèng mulyarja ||

25. siji iku minangka walêsing ratu | walês ping kalihnya | pangulu ilining kali | kang mbalabar têtanduran narakarya ||

26. sayogyèstu ratu emut siyang dalu | wahyanirèng karsa | budi narmada kang dadi | dêdalane sètubanda rumaksaka ||

27. arjanipun marganing banyu tinuntun | sinung pradanarja | supaya kadayan mili | lêliruning nata kadanan wong desa ||

28. kaping têlu ratu wruh panggonan siluk | singup limut mulat | rumanti kanthi pambudi | kudu karya sinung nalading panjuta ||

29. sikêp bahu anjaga jagèng pakewuh | dalan-dalan wrata | karti karêtêg rumanti | kang supaya mlija nukarta kartana ||

30. kaping catur ratu walêse mring wadu | rumaksèng sadeya | ning kuli kang durung klair | rumaksaka yogya karya tanuita ||

31. dhukun-dhukun kang mbirat sangsara agung | lire têluhbraja | lêlara kang maratani | wêwalês kang kaping lima sri narendra ||

32. kudu wêruh kawula kang lara dudu | malarsih kabrastha | wastra baksana pinaring | para papa pêkir miskin pinisrama ||

33. ping nêm kudu narendra kajibah muruk | wadya puwa-puwa | para rare sayogya ji | karya samaita wong bijaksèng basa ||

34. tanpa gunggung wêwalêse yèn kapetung | rèh pangulu lêmah | mosiking bumi narpati | wus narima wong cilik pinrês kringêtnya ||

35. èstunipun wong cilik kang aran ratu | jumênênging nata | saka kawula wus pasthi | têtêping wong akèh saking sri narendra ||

36. marma kudu gusti kumpul lawan wadu | nora kêna pisah | wong cilik kang angingoni | dhatu wastra baksana saking wong desa ||

37. sang aprabu ing jaman mangkya wus tamtu | sasantananira | wong cilik ingkang ngingoni | wadya mantri kamulyan saka wong desa ||

38. pondhong pikul candhak kulak anênandur | padha golèk arta | yèn wus nglumpuk konjuk maring | sri narendra sawadya bala santana ||

--- 3 : 245 ---

39. marma ratu marsudi ilining banyu | myang sirnaning durta | murih sirnèng durkartadi | supayane sêmpulur lulus wèh arta ||

40. dangu-dangu wong bangsawan akèh rawuh | anèng tanah Jawa | nggawa têmbaga ran dhuwit | iya iku wong Portêgal Inggris Prasman ||

41. datan dangu Walanda Nèdêrlan rawuh | nggawa êmas slaka | sarwa sarwendah mêpêki | duksamana wong Jawa wiwit prasaja ||

42. sira iku anggèr wani ngaku ratu | tyasmu binathara | nanging satêmêne kaki | ratu nunut amung ngêmpèk-êmpèk kwasa ||

43. rèhning durung wêruh pardikaning ratu | aranmu sulaya | lan kanyatahanirèki | Amongpraja têgêse sumarah tata ||

44. mangka tyasmu tan sumarah tan mêmatut | kajaba mung karsa | mêrês gêtihe wong cilik | tansah doyan rêruba pawèwèh ing lyan ||

45. tujunipun tan kalêlêgên gulumu | marma ywa pêpeka | yèn sirèku ratu cilik | yèn sirarsa wruh nata kang binathara ||

46. narendra gung mratani ing jagad kêmput | lautan dharatan | alas gunung jurang trêbis | lah ing kono ana asma lan warnanya ||

47. wruhanamu kawasa rupaning ratu | gambar kang nèng sêmat | yeka kang dibyarja murti | wicaksana pul kidul praptèng utara ||

48. tuhu luhuring Hyang kang sinifat kayun | anggèr priksanana | cirining rupiyah ringgit | lètêrira gos zieBaca: zi. mèt onês uninya ||

49. Hyang Suksma Gung awor kawula sadarum | puniku têgêsnya | lamun sun jèrènga kaki | èstu êntèk kartas pirang-pirang kendhang ||

50. nora amung pikirên pribadi kulup | sakèhe jarwèngwang | tambahe saking pambudi | darma bapa wêwarta rèh martotama ||

Jawabane patakonan pasal kang kapindho

70. Gambuh

1. pasal pindho anggambuh | sun jarwani têgêse wong sujud | nêmbah marang ratu purwakaning nguni | agama ingkang nênuntun | tinuntun sujud Hyang Manon ||

2. katamtu siyang dalu | supayèku narik tyas rahayu | ywa na ingkang ndalurung ngrusak karta di | dining tumuwuh manggayuh | kamulyan nyingkiri awon ||

--- 3 : 246 ---

3. sadaya para putus | ngrekadaya silaning karta yu | nêmbah maring Lata wal Hujya pinundhi | sawênèh Dewa Hyang Guru | Jagadpratingkah kang elok ||

4. ana manèh anjunjung | maring Hyang Hotipati anggunggung | kang sayogya ginanjar sawarga adi | rinêngga pocapanipun | satêmêne mung pasêmon ||

5. marma wêruha kulup | sarupane agamaning makhluk | kang gumêlar ngisor wiyat luhur bumi | kabèh ala kabèh bagus | mung gumantung ciptèng batos ||

6. salah sawiji kudu | kang kinasdu ywa keguh ing dudu | kèhing gama pêpacuh duryasèng bumi | Landa Cina Buddha Hindhu | cinadhang ganjaran kaot ||

7. wong nêmbah mring Hyang Agung | rèhning tanpa jaman makam suwung | ingupadi ngêndi-êndi sêpa-sêpi | kana kene panggya samun | wangwung tan ana Hyang Manon ||

8. parasdyaning tumuwuh | mantrastuti sucipta kang jumbuh | wimbuh ing tyas gambuh kawula lan Gusti | jatine Kancil atimu | dhewe kang siranggêp Manon ||

9. rèh sira wus kasêdul | gandhul-gandhul gêgandhulan suwung | parandene sêmbah sujudmu kang kèsthi | isthaning Allah sawujud | sifate tyasmu kang bodho ||

10. salire gama kukuh | yèn tinakon Pangerane êmbuh | nora ana sawiji gama kang muksid | wus pasthi Hyang Mahaluhur | kang dumunung datanpa nggon ||

11. marma silaning tuwuh | yèn yun nêmbah mring Allah pakewuh | mung Khalifahing Pangran kang dèn bêktèni | iyèku kangjêng sang prabu | kang nyirnakkên sukêrtyèng wong ||

12. pra siswa yugya kudu | sri narendra amardiyèng sujud | nanging prêlu uninga dununging bêkti | êndi kang wajib ingujung | mangkono jênênging katong ||

13. dene sêmbah puniku | ingsun ringkês rong prakara cukup | ingkang dhihin nêmbaha Hyang Mahasuci | kang pasthi prastawèng wujud | daliling Kuran wêwartos ||

--- 3 : 247 ---

14. mangkana lafalipun | tampanana yèn surarsasirarsa. khusus | la makbuda fil wujudi illallahi | nora nêmbah barang wujud | anging Hyang kang nuksmèng Manon ||

15. mungguh wujude kulup | uning unong aninong ananung | dudu napas dudu hawa dudu eling | rèh sira kalingan suwung | uning unong aninunong ||

16. sandeyaning panggayuh | ing panyakrabawa kabèh luput | wong manêmbah ing Allah sakêthi gampil | mobah molah mosik muwus | srahna dadi sêmbahing wong ||

17. nanging yèn yun wruh wujud- | ding Pangeran sayuta pakewuh | awit sira puniku tinitah la'ip | nêmbah asma bae cukup | lamun wus wêruh uninong ||

18. amung pamintaningsun | rèhning sira trah rêmbêsing madu | ambawahi witaradyèng tanah Jawi | turasing dwijawara nung | yèn nêmbah ywa kongsi katon ||

19. aywa lir santri kumprung | mêndêm kulhu rina wêngi bingung | kicah-kicih lir cakranggana nèng warih | sumuci-suci mèt ranu | cangkrama lêlangên ciblon ||

20. Dzat kang wajibu'lwujud | nuksmèng kantha isthanira kulup | nora siwah barang tingkah solah sami | nanging satêmêne kulup | Dzatmu pribadi kang katon ||

21. dadi dununging sujud | yèn sirarsa wruh kanthèng maujud | padha lêbu-linêbu panjing-pinanjing | sêmbah-sinêmbah puniku | gêdhe cilik datan kaot ||

22. yèn sira durung wêruh | sun dumuke saksènana kulup | thole ingkang uninong aning ananing | Amongpraja matur nuhun | ngungun ngangên-angên cocog ||

23. tumancêp kulung kalbu | trusthaning tyas mathêm dènnya ndhaku | saking dene kanyatahan tandha saksi | kang sinêmbah wus dumunung | wayanganirèng Dzat katon ||

24. nulya Kancil umatur | dhuh Sang Dibya Pramodaning Wiku | sampun têrang èsthining tyas Dzatu'llahi | jatining kawula wêruh | mangkyamba nuwun wêwiyos ||

--- 3 : 248 ---

Jawabane patakonan pasal kang kaping têlu

25. ingkang pasal tri mumpung | antuk wênganing kawekèn ulun | kadadyaning kewan sato kang kumêlip | asal punapa witipun | jarwakna amba mrih bolong ||

26. kang sarta kawula yun | wruhing tambah-kalongirèng umur | kadospundi kababarna bab puniki | Sona pasrangkara arum | anggèr bab asaling sato ||

27. saka rahsèng tumuwuh | pêpêrêsan kodrat beta'lmakmur | numinami. bumi gêni banyu lawan angin | kang wus lumrah para guru | ing tanah Jawa mangkono ||

28. ananging lamun ingsun | anyalênèh sajatine blilu | satêmêne purwa asaling kumêlip | kang mêngku sifat rong puluh | saking kidam purwaning wong ||

29. 'adam praptaning wujud | jroning wujud mêngku ala-bagus | swarga-nraka bagya-cilaka ngrakêti | lah ing kono Dzatu'llahu | mandhiri jumênêng kraton ||

30. dene kaki asalmu | sira dhewe biyèn kang wus tau | duk samana ingaranan 'adam bakin | iku purwaning tumuwuh | saking êmbuh jatining wong ||

31. êmbuh mau mbuh mau | rèh panêmu dèn anggêp wong putus | asal sato saking wadi madi mani | manikêm wus kanggo maphum | sun sumêlang lamun goroh ||

32. kaya ta bumi banyu | gêni angin kaki durung tamtu | awit sira pribadi datan udani | 'adam mustakkiru'lwujud | kêna inganggêp pitados ||

33. akèh kewala guru | sung pituduh purwaning tumuwuh | kinarya nêmbêlas prakara sakawit | pamijange adu bathuk | ananging yaktine goroh ||

34. saksine nora wêruh | nadyan yayah-rênayayah-rena. uga tan wruh | rèhning iku wus kanggo satanah Jawi | prayogane sira kulup | ngawruhana ywa maido ||

35. lan malih sirarsa wruh | têtelane bab kalonging umur | prakarèku anggèr dahat dènnya rungsit | ewuh pakewuh satuhu | muhung sun wèhi pasêmon ||

--- 3 : 249 ---

36. sajatine wong iku | pacangkramanirèng khayat khayun | duk maksih nèng guwagarba têkèng mangkin | kaki nora wuwuh-wuwuh | rina wêngi tansah kalong ||

37. kalonge uwis tamtu | uningunong aninong ananung | panjalukku cundhukna lawan pamikir | prataksitanta wus baud | kaya lamun datan keron ||

38. Amongpraja umatur | kalinggamurda sinuhun-suhun | manjing sanubari trus têkèng dimagi | mathênthêng mathêm manyakup | cakêp cukuping pasêmon ||

39. wrêka nabda ywa keguh | lamun ana guru sung pituduh | dunung sêmbah nyulayani lawan iki | yèn tan antuk saksinipun | poma ywa narimèng batos ||

Jawabane patakonan pasal kang kaping pat

71. Kinanthi

1. pasal ingkang kaping catur | winahyèng sêkar kinanthi | sababe kawadis sirna | basa artining kawadis | iku têmbunge wong 'Arab | têgêse anyar ing bumi ||

2. kabèh kaanan maujud | sajêroning bumi langit | kang gumêlar kang kumilat | cêcukulan pèni-pèni | baskara wulan tranggana | sadayèku ran kawadis ||

3. lamun kagulung ranipun | 'alam têmbunge wong 'Arbi | lire kêkumpulan barang | sakalir ingaran siji | yèn kaprinci winastanan | saheunkiyamat. jarwane kaki ||

4. sawiji-wiji kang mojud | tunggal kasatmata jinis | ing têmbe sadaya sirna | brastha lêbur tanpa kèri | marma ujaring Musakab | myang dalil Usul wêwarti ||

5. kulusaheun alikun | illa wajahhu kang arti | sabarang satunggal-tunggal | kang gumlar têmbe kabèh nir | nanging ana kang tan rusak | mung Allah kang nuksmèng budi ||

6. dene mutamating kawruh | kang datan rusak mung warni | pikirên dalil punika | yèn têmên-têmên pinanggih | tan adoh lawan tyasira | mangkya sun jèrèng sathithik ||

--- 3 : 250 ---

7. hakekate ingkang maksud | bumi langit sagarardi | candrama lan danumaya | kabèh satêmêne kaki | iku datan kêna rusak | awit kuna praptèng benjing ||

8. dene wicaraning Usul | ingkang aran kiyamati | wêkasaning dina dunya | mangkana unining dalil | walkyamat akhiru dunya | kayêktèn sira pribadi ||

9. miyamatkiyamat. mau sutèngsun | satêmêne kalih warni | sapisan kiyamat kobra | kapindho kiyamat sahir | kobra gêdhe jarwanira | sahir pardikane cilik ||

10. laraping dalil puniku | sira pribadi ngêmasi | sadaya kaanan dunya | rusak wus datan kaèksi | nora ana apa-apa | lah saksènana pribadi ||

11. priksanên kyamat sahiru | yèn sira nendra tan ngimpi | apa kang katon nèng kana | puniku tandhane kaki | nuli tangi saking nendra | marma ran kiyamat cilik ||

12. Kancil Amongpraja matur | kasinggihan Sang Wikwadi | panêmbahaning buwana | sadayamba sampun tampi | mung sakêdhik nyuwun priksa | karananipun angimpi ||

13. dene yitmaka tan mêtu | kuliling njajah nagari | yèn mahyaa saking angga | sèstu wandane ngêmasi | datan wande dadya sawa | dhuh sang wiku kadipundi ||

14. mèsêm nayakaning wiku | saha pasrangkara ririh | bênêr sira yun uninga | ywa ngawur kaworan pingging | manawa ing têmbe nular | marang putra wayah wuri ||

15. lamun sun buka bab iku | lamun sira bisa tampi | sirna bodhonira mangkya | cacade wimbaning wardi | kasintron dening paèsan | nanging kaca bênggala di ||

16. sing sapa kang durung tau | mèksi kaca iku masthi | bingung têngên dadi kiwa | saha wuri dadi ngarsi | kang mangkono iku tuna | budine kurang tabêri ||

17. bab supêna sutaningsun | nêmu gumêlaring bumi | surya candra taranggana | wana samudrardi mèksi | tan siwah nèng kene iya | prakarèku sun jarwani ||

--- 3 : 251 ---

18. wandanira kabèh kulup | ingsun pamèkakên crêmin | kang njêro wus isi rasa | yèku netranira kaki | gumulunging pancadriya | urip sajêroning pati ||

19. sajroning retranirèkunetranirèku. | ana gambar 'alam kabir | dene wandanta punika | ingaranan 'alam sahir | agal manuksma ing lêmbat | dalil Kuran awêwarti ||

20. ana'l'alamunkabiru | dakalafi 'alam sahir | jarwaning lafal punika | jagad gêdhe manjing cilik | wujudmu dhewe sapira | prandene kalêbon langit ||

21. jatine nora malêbu | mung gambaring dunya manggih | yèku tirta kang nirmaya | cêngkrama midêr ing ati | manjing sajêroning netra | ingkang aran banyu urip ||

22. marma yèn wong ngimpi kulup | sahuwat lan wanudya di | nêmahi ni'mat munfa'at | yayah pulang rarasing sih | dayaning umahya |Kurang dua suku kata: dayaning kama umahya. datan slisir lir sayêkti ||

23. yèku aran sifat kudus | marmane kaki nglabêti | nanging yèn sira supêna | manggya sangsaraning jisim | anggèr tan karasa lara | yeka aran rahsa kadim ||

24. lirnya kadim sifat alus | mung mêngku prakara kalih | bungah ingkang sarta susah | sajêroning nendra ngimpi | marma têmbung kawi jarwa | nendra têgêsira têbih ||

25. sanyatane lamun turu | ingkang tan supêna kaki | adoh nglangut tanpantara | tan kêna dinalih yakin | yèn sun jèrènga punika | ngêntèkkên krêtas saêrim ||

26. ananging pamintaningsun | pikirên ingkang satiti | rèh siranggèrmêngku sifat | rong puluh kang wus nyukupi | atas pramodèng sarjana | rina wêngi mardi budi ||

27. mung lowung tinimbang nganggur | wajibing ngaurip mosik | lan mênêng swarjana tama | datan kadi sela ngglinting | gumlethak bisu tan muna | pantês kinarya ncik-ancik ||

28. sirèku rèhning wong idhup | yogyane jaba jêro wrin | jêro mosik jaba mobah | sirna kasmalaning ati | marma 'Akaid sung warah | mukmin khayun pidarèni ||

--- 3 : 252 ---

29. jarwane mukmin wus tamtu | urip anèng desa kalih | maksude sira punika | thole lungguh anèng ngriki | pikirmu anjajah jagad | ngêndi-êndi kouripi ||

30. nora rêkasa pikirmu | tanpa netra ngudanèni | ngrungu datan mawa karna | ngandika tan nganggo lathi | marma pasêmobingpasêmoning. Buddha | aran lumpuh midêr bumi ||

31. cebol nggayuh susup-susup | iku budayaning ati | sira dhewe wus uninga | kadayanirèng pamikir | yèku lire mosik muna | saèstu wajibing urip ||

32. seje wong kang yayah ênthung | mobah molah tanpa pamrih | uripe urip-uripan | iku singkirna kang têbih | prataksitaning bijaksa | rina wêngi ngeling-eling ||

33. dayaning khayat lan khayun | cêngkrama midêr ing jisim | nadyan tirahirèng dunya | kêmput ingubêngan angin | kadya kang sun jèrèng ngarsa | nguripi isining bumi ||

34. Amongpraja aturipun | sampun kawula tampèni | sadaya warsita tuwan | umanjing ing sanubari | sampun têngaluk tyas amba | nendra supe tangi eling ||

35. ing mangkya kawula nyuwun | pasal kaping gangsal inggih | mugi paduka babarna | supados tumangkar wingking | sumêbar ring putra wayah | palasthaning mudha pingging ||

Jawabane patakonan pasal kang kaping lima

36. dwija Sona sabdanipun | bênêr thole kèhing 'ilmi | kadibyan lan kasantikan | nora kêna dèn simpêni | kang sapa nutup kawignyan | puniku dursilèng bumi ||

37. 'ilmu kumbi slingkah-slingkuh | kukuh sinumpêt ing ati | wahyèng ling angon iriban | ting klêsik lir adol dhêmit | yèn ana wong seje têka | lir orong-orong kapidih ||

38. kawruh kang mangkono kulup | dadi wisunaning urip | karya pêpêtênging manah | datan wurung mbujuk dhuwit | seje lawan Dwija Wrêka | 'ilmune ginlar ing bumi ||

--- 3 : 253 ---

39. singa krungu lir maguru | prasasat mijang yèn angling | sêdyèngsun kaki supaya | winancaha para bangkit | rèh timbule kang sanyata | wimbane angadu budi ||

40. ping pira bae ing dangu | lêledhang ing Bramartani | nggêlar dibyèng pramabasa | ing gunardika rèh lungit | supaya winancah para | nawungkridha bijaksa di ||

41. tan merang kasoran kawruh | mangkono wong ulah budi | mèt wignya kawruhing liya | pabarataning pawarti | jamake palastha mudha | sirna wus tan ana kèri ||

42. seje guru luru-luru | yèn kalah wicara isin | padune sor ngaku mênang | budi andhap ngaku inggil | mung murih payuning kandha | nulya kèh wong manjing murid ||

72. Dhandhanggula

1. sang pandhita ngandika rum manis | rêngên thole pasal kaping lima | bab kraton akhirat nggone | sun tan wignyangsung tuduh | marga durung tau ngêmasi | sanadyan ngicipana | sun pribadi layu | kapriye nggon ingsun mijang | bokmanawa sira datan bisa tampi | awit nguni ciptanta ||

2. kukuh bakuh mantêp ing pangèsthi | anggandhuli kawruhmu kang lawas | wijange gurumu biyèn | kang sira nggêp wus jumbuh | lima nênêm tunggal sawiji | anaa kang sulaya | jaba-jabanipun | nanging kêkêrane padha | kang sirèsthi jumbuh kawula lan Gusti | tan Gusti tan kawula ||

3. mung pribadi kang sira antêpi | mulih marang asaling manusa | bumi gêni angin lan we | warih bali mring banyu | angin mulih dadyangin malih | bumi mulih mandhala | dahana dadyapuy | mung eling midrawèng jagad | kang sawênèh ana guru sung sajarwi | anggulung badan wadhag ||

4. ginawa ring 'alam ingkang suci | ana guru sajar malbèng sunya | suwung wangwung lir wong sare | salah sawiji iku | koantêpi salami-lami | marma yèn sira tampa | gêgandhulan ingsun | kocakrabawa sulaya | upamane sun wijang bae sirèki | kang lumrah guru kathah ||

--- 3 : 254 ---

5. tumanggal mring bêbayi sirèki | kadya para guru panitisan | bênêr luput êmbuh kuwe | tan bisa ngêdu têlu | wus mangkono lakuning kyai | Kancil sumambung sabda | dhuh Sang Maha Wiku | kawula minta kang nyata | sanyataning 'ilmu mawi tandha saksi | lir sajarwa paduka ||

6. manawi tan kasaksèn ing ati | guru kawula ing jroning nala | kadospundi pitadose | rèh sawarnining kawruh | amba kêdah uning hakiki | wignyaa anjum mudhar | anjèrèng anggulung | gumlindhing lir kênèkêr glas | yèn kababar midrawa ngèbêki budi | makatên bijaksana ||

7. kang wignya mot sasmita di murti | rèh jroning wong kadya jagad raya | barang apa kamot kabèh | kang amis bacin arum | rumakêt ing kulunging ati | wit kadunungan ayat | hidayat Hyang Agung | kang mèdêm padhang narawang | têrus têrang yayah kèkêr tanah Prankrik | adating Manonbawa ||

8. angandika sang jurumartani | yèn mangkono sêdyaning tyasira | wus sumanggêm datan mèngèng | sadarpa kumacèlu | ring sasana kraton ing akhir | sun untapakên mangkya | mring silaning layu | kang wus tan kacakrabawa | rasaning Dzat tirtamaya nganyut pati | pati patitis nyata ||

9. trangginas sang dwija nglaksanani | mugut yitmaka nir Sang Hyang Atma | Kancil pinêluk griwane | sinida dayèng tuwuh | lêlantaran uning ananing | uninong aningêna | sakala wus layu | kadyangganing krêndhasawa | wus nir daya yayah gusthika kaèksi | subrastha tanpa sesa ||

10. sêsining jiwangga tiarda nis | niskarèng tyas nora kara-kara | karana cupêt atmane | rêjasèng maya mayut | kaniditan rèh mantrastuti | pamunahing sang dwija | tumanduk ngendra nu | kadewan carêm Hyang Endra | Tejamaya têngran jagad sunyaruri | wus rumakêt jiwangga ||

11. ni'mat manfa'at nèng têpêt suci | rawi rannya ing kanjan-mahfiyan | aninong aning unune | 'Arabe anta mutu |

--- 3 : 255 ---

kablar mutu kang rahsa jati | carêm ring Widhidhustha | pathining rahsa nung | dumunung ing sunyapringga | tanpopama wus layu kayapu'lyakin | nora kinaya ngapa ||

12. layaklamu illa illu'llahi | layakripu layakdirulilah | sajatine êmbuh kuwe | tan wujud datan suwung | nora nendra myang nora ngimpi | luluh lêbdaning kantha | abadi azalu | jalining arilokarja | kana kene kakênan jumalèng pati | yayah sewandakala ||

13. têtêp alkajubaitu'llahi | kanyataan tan lyan kalbu'linsan | kasdu takrul takyin mangke | wus kapugut kasuwuk | Hyang Yitmaka panoning pikir | rahsa surasèng lena | pranarda tan wêruh | kapurbèng tirta nirmaya | wus têtela khayat khayun tanpa dadi | saking bayaning laya ||

14. rêjasèng tyas derarsa malarsih | parasdyaning Kancil Amongpraja | nukarta karta kridhane | godha nora kasandhung | munggwing kanjan-mahfiyan lêwih | dining karti sampeka | agnyaning tumuwuh | têmah tinêmu sacipta | nèng sasana dudu nraka dudu swargi | dudu akhir myang dunya ||

15. mangabyaring Hyang Dzatu'lguyubi | abdi manuksma ring Dzat Maula | sudyarsa manuksma age | ing kothong nuksmèng jumbuh | tambuh jalu tambuh pawèstri | abang seta myang pita | irêng ijo êmbuh | sirna sawarnaning rahsa | jaman muksa langgêng nora ika iki | uninong aningêna ||

16. wus têtela wijangan nocogi | kang wus kacakup ing prana nyata | srambut sapara sèwune | tan salisir rèh khusus | kasatmata ma'rifat jati | jatining kang nupiksa | ingkang nganyut tuwuh | mung langgêng tambuh parasdya | masalahnya babu ma'rifatu'lpati | pandoning Suksmapurba ||

17. samanantuk sadina sawêngi | Amongpraja dènnya minum tirta | nirmaya ing panganyute | Sang Maha Brata uluk | salam tanggap Kancil tarampil | nabda 'alekum salam | uninong unanung | gregah tangi linggihira | wadana nor mandhalasara tumuli | sutiknyaning Sang Brata ||

--- 3 : 256 ---

18. Swanitanya tinuras lir tiris | lalu lêbda tan kêna tinahan | kadyangganing wungu sare | jatine dudu turu | pungun-pungun dhêlêg mangarti | dènira minum tirta | wimbaning sawuru | kodhêng gêndhêng lir supêna | lêngêr-lêngêr ngungun ngunandikèng ati | lah iki dirgasana ||

19. alon matur dhuh Sang Maha Rêsi | ing samangke kawula uninga | ing pêjah kang saèstune | umanjing bètu'llahu | nuksmèng pati wajibing urip | sapisan babar pisan | ingagnya sinau | amba prastawa satmata | khayat khayun kodrat iradat myang 'ilmi | ing pati tanpa guna ||

20. tirtamaya ingkang murbèng urip | dede êrokh saha dede napas | eling angên-angên dede | ewuh kularsa dumuk | sasananing kang banyu urip | asma musamèng gêsang | yèn makatên sèstu | punika kang nama gêsang | sadayanya kaanan sajroning jisim | namung dados pikêkah ||

21. sampun têrang ingkang ngajak urip | ngajak nendra tuwin ngajak pêjah | bagya cilaka dununge | angên-angên tan ayun | lara sungkan mati tan arsi | mung enak lan kapenak | kaarsayanipun | ati lêmbut sakti dibya | dadya muka nglêngkara sabarang kardi | tan wignya karya tilas ||

22. barang karsa kudu andhisiki | ala yogya ing sadina-dina | datan kaprah sasêdyane | tan kêna yèn tinurut | singa ingkang nuruti budi | yaktyarda ngambra-ambra | dursilaning ayu | marma wong Budha ingaran | Sang Hyang Guru guruning manusa urip | rèh tan wruh tirtamaya ||

23. Amongpraja nulya matur malih | kawula mugi nyuwun pitêdah | kang murba masesa mangke | punapi nggih puniku | Dwija Sona ngandika aris | thole sira têtanya | ingkang murbèng tuwuh | tunggal pancêr tirtamaya | nanging kodratira pribadi kang dadi | ndadèkkên wujudira ||

24. tanpa sangkan sarana pribadi | duk sira maksih nèng kalkaosar | iku wus jumênêng dhewe | murba ing siyang dalu | nèng azali praptèng abadi | kongsi saiki uga | kaki durung tutug | kodrat

--- 3 : 257 ---

ingkang bila alat | yèn wong 'Arab thole dèn arani puji | puji alhamduli'llah ||

25. mangkya sira sun tuturi malih | rasaning puji midrawèng raga | sakojor ana isine | iyèki warnanipun | uninunong uning unaning | cundhuk utawa ora | saksèkna atimu | kang murba masesèng sira | tunggal ingkang karya wujudmu sakalir | dudu rokh dudu nyawa ||

26. kala maksih nèng jagad kang suci | puji uwis jumênêng priyangga | gawe mangkene kanthane | uninong uninanung | têtêp bapa biyung tan kardi | wus dene malaekat | nabi Allah dudu | ing nguni sun wus wêwarah | jroning urip ana nraka suwarga di | karatoning Hyang Suksma ||

27. ri kalane sira durung dadi | sunya sêpi tan ana punapa | mung iku jumênêng dhewe | nadyan sira tan wêruh | kêna sira dugi prayogi | yogya kacakrabawa | kang aran al hamdu | iki kanthane wêruha | aning unong Amongpraja cêg nampani | suka sukur narima ||

28. rèhning cundhuk lawan tyasirèki | kasatmata jarwèng nawung kridha | trang têtela glèthèk pêthèl | rèh wong Manonbawa nung | datan kadhung dènnya ngêcupi | tarêcêp wus kacakan | jatining tumuwuh | wêruh kang murbèng jiwangga | lawan tandha saksi wus kamil-mukamil | sampurna kasampurnan ||

29. wusnya titi titising kara di | sangkan antara praptaning paran | ing sasana kanyatane | dayèng titah tumuwuh | kawruh khusus kinosokbali | mutamat sajagad rat | silarjaning kawruh | têtêp mukmin baitu'llah | parasdyaning Kancil 'ilmu dunya akhir | kadriya tanpa masa ||

30. siyang ratri lumintu mangèsthi | tanpa ingan jumbuhing nirmala | rèh kusumaning wiradèn | pramodèng rat sawegung | sinasaban yudanagari | ywa kawistarèng kathah | jamak satriya nung | lêlajêring witaradya | tan sayogya jiwangga rêjasèng 'ilmi | nuwuhkên praja rêngka ||

--- 3 : 258 ---

73. Sinom

1. trunaning tyas Amongpraja | wusing tampi jarwèng rêsi | pasal kang limang prakara | sawiji-wiji nastiti | titis manuksmèng ati | ewuh pakewuh kacakup | têngaluking aguna | manjing puat sanubari | beta'lmakmur pacangkramaning caksana ||

2. muhung pasal kang satunggal | kang dèrèng dipun jarwani | Amongpraja aturira | dhuh Risang Jurumartani | kawula nyuwun nuli | kang kaping nêm babaripun | kanang ngodhêngkên cipta | bab wijiling surya saking | purwantara surup mring pracimantara ||

3. punapa malih candrama | yèn maksih nèm krowak nginggil | mindhak ari krowak suda | têkèng caturwêlas ari | katon sadaya nuli | krowak malih ingkang luhur | kadi duk nèng pracima | punapa malih kulapti | ingkang pundi lêrês têngahing buwana ||

Jawabane patakonan pasal kang kaping nênêm

4. Srênggala Dwija manabda | bab iki luwih mustakil | kasêbut ing kitab Falak | Falak iku têlung warni | kang siji Falak langit | kaping pindhupindho. Falak laut | katrine Falak dharat | siji-sijine hèh kaki | padha dadi kitab crita pira-pira ||

5. sun saguh mêruhkên sira | saha sinawung ing gêndhing | macapat têmbung têmbangnya | sun njaluk krêtas pèn mangsi | kira-kira bab langit | dluwang rong kêndhang tan cukup | apa manèh sirarsa | wruh grahana surya sasi | kudu titi marang durarining dunya ||

6. tuwin ukuraning jagad | saking pulo Piro Inggris | yeka awit das sapisan | mangetan mangulon sami | dene gambaring rawi | iku bêncèt warnanipun | dadi jam lan mênitan | sêkondhe petungirèki | ingsun kira sira nora bisa tampa ||

7. awit panganggonira jam | horlogi durung pisan wrin | tansah mung asêsongaran | sadhela-sadhela ngèksi | tinèmplèkake kuping | mbadhêdhêg tyasmu sagunung | karsèt mas jaran-mbandhang | watu mainan ting kranthil | nanging tuna rèh tan wêruh paedahnya ||

8. mangka horlogi punika | darbe karêp rolas warni | kanggo atasing ngagêsang | siji bae sira tan wrin | manganggo mung kapengin |

--- 3 : 259 ---

tiru-tiru wong kang blilu | dene nguni sakolah | panganggomu lir wong tani | tani yuta tan wruh globê myang sêkondhah ||

9. aywa kang globê lawan jam | ewuh pakewuh yèn yun wrin | bab sastra kewala sira | sacuwil durung mangarti | apa manèh kakawin | jêjêr wasesa tan wêruh | wus dene kitab Kuran | buku-buku têmbung Jawi | Mlayu Wlanda saya durung pisan wruha ||

10. masa kayaa Srênggala | Dwija titi ngèksi tulis | yèn katrênjuh angèl lêmbat | mandhak pinungsèng kabudi | nora wis yèn tan panggih | yakti kanyataanipun | manjing sajroning nala | ewuh wong maca sayêkti | awit kudu bisa krasa kulunging tyas ||

11. bedane kaki lir sira | wêruh sastra tan pinikir | pangrasamu yèn wus apal | paham kasêbut yèn wasis | nanging sira wus pasthi | pathokaning tulis tan wruh | traping paramasastra | durung pisan-pisan ngarti | suprandene sira wani ngaku bisa ||

12. kawignyan dudukur gambar | dudu etung règêl pandri | lire gunadikèng praja | kabèh kagulung sawiji | sabarang katon ngarti | ngisor têngah dhuwur cukup | beda kang kaya sira | anggitmu pintêr pribadi | yèn katêmu lan wong pintêr sira ewa ||

13. rèh kabèh kawignyanira | siranggêp pintêr pribadi | tan ngaku nggêguru liya | tan rumasa mamèt misil | suka ginunggung wasis | pintêr nora anggêguru | tan kadi Dwija Sona | kabèh kagunane luwih | olèh saka maguru sapadha-padha ||

14. dadi darbe sêsèndhènan | wêwaton wimbanirèng ling | nadyan ngadua kagunan | anèng kabar Bramartani | Javabode Batawi | Bintang Timur Slomprèt Mlayu | lamun darbe pathokan | tuwuhing kagunan saking | pra bijaksa sarta kitab kuna-kuna ||

15. yèn nora mangkono kalah | nadyan unggul wahyaning ling | lamun tinakon watonnya | tan wruh sinurak pra murti | ping pira bae sun wrin | samyolah dibyaning kawruh | nèng pabaratan kabar | katara kang tunèng budi | kumawasis ngaku pintêr tanpa ajar ||

16. nguni jaman kuna ana | wong ngaku putus pribadi | aran Ki Puspawibawa | sabarang micara mêthit | sastra myang kawi-kawi | tanpa

--- 3 : 260 ---

waton yèn binuru | yèn kongkulan kawruhnya | ewa yèn padon muthakil | ora gêlêm kalah mring sapadha-padha ||

17. bab Falak mau basa Rab | têgêse bundêring bumi | saha saisining jagad | kacrita nèng kono sami | kaananing dumadi | sabab masabab kasêbut | uriping têtuwuhan | surya candra tranggana di | padhangira kabèh kasêbut ing Falak ||

18. kira-kira sèwu koras | kang maksih têmbung 'Arabi | sèwu rungsit sèwu lêmbat | ing mangkya bangsa Walandi | kang mrêtal têmbung Jawi | mung sapara sèwunipun | ingkang prêlu kewala | karya mulang anak murid | para siswa pawiyatan Surakarta ||

19. ing mangke ngalih Magêlang | marma pamintèngsun kaki | kang titi waskitha pana | mring wicaraning wong murti | lan sira kang tabêri | apa alane wong kêthul | ywa darbe ati sungkan | kêsèt ngrusakake ati | tuhu lamun mangkono susuhing setan ||

20. kêsèt sungkan singkirêna | kang adoh aywa na kèri | manawarsa ngaji Falak | kang wus salin têmbung Jawi | sanadyan mung sathithik | nanging cukup yèn atasmu | manawarsa lir ingwang | Asu ing Suracalardi | tangèh lamun miriba sapara sasra ||

21. ingsun wus dibya ing Falak | tinimbang samining Anjing | nanging kang sun wèhkên sira | sathithik kewala dhisik | yèn kakèhan tan tampi | iku bae durung tamtu | rèh sira ngaku limpad | guna kasusastran ngênting | wruhanira kabangkitan dudu sastra ||

22. marma anggèr poma sira | nganggoa wasita mami | yèn nêdya wirautama | pratanjana sun sajari | kulup 'ilmu durari | Falak rêringkêsan lowung | dadya gurendaning tyas | saking warsita kang luwih | sun tuturi anggèr wujuding candrama ||

23. ujaring Falak akasa | bonu iku wujud siti | tan pae dunya punika | gêdhe jêmbare tan slisir | luhure saking bumi | katêmu ukuranipun | rong puluh yuta êpal | lumaku ngidêri bumi | punang tèngsu punika pêtêng wijudnya ||wujudnya.

24. dene katonira padhang | awit kasorotan rawi | yèn tanggal nom ndhuwur krowak | kang padhang ngisor njalirit | sunaring bagaspati |

--- 3 : 261 ---

kang nêmpuh marang sutèngsu | marma kang antuk padhang | njalirit amung sathithik | dene wulan kaki lumaku mangetan ||

25. saya tuwa saya padhang | yèn wus praptèng wetan nuli | rêmbulan katon sadaya | ingaran purnama siddhi | jatine mung sapalih | kang antuk sunaring tèngsu | nanging tan kasatmata | saya tuwa krowak malih | anèng wetan tan pae duk nèng pracima ||

26. lamun pêtêng babar pisan | candrama ingaran mati | yaktine mêtu raina | sulap marmane tan kèksi | dadya etunging sasi | tanggal pisan pindho têlu | têkaning tigang dasa | mung krowake kang winilis | kabèh mau titènana warsitèngwang ||

27. dene tanggal ping sapisan | tan ajêg krowakirèki | kadhang sisih kidul kathah | kadhang kang êlor tan mêsthi | yèku saking durari | lire bumi midêr gulung | ngalor ngidul lakunya | yèn kapara ngalor kaki | abot kidul yèn ngidul êlor kang awrat ||

28. dene panggulunging jagad | kajaba obahirèki | gulung saking kulon ngtan |Kurang satu suku kata: gulung saking kulon ngetan. patlikur jam têpung malih | dadining surya mijil | saka wetan ngulon surup | kaetung mung rolas jam | sadina sawêngi ugi | lamun bêngi nora kasorotan surya ||

29. hèh sutèngsun Amongpraja | kadiparan nggon sun nganggit | gulunge kulon mangetan | bab candrama kurang titi | padhang pêtêngirèki | miwah yèn grahana kulup | kurang sapuluh warsa | sun wus uninga saiki | tan sulaya tibaning jam lan mênitnya ||

30. nanging yèn sinawung têmbang | ewuh pakewuh tan sipi | awit ingsun punggung-mudha | nggita wigatining bumi | nadyan macapat kaki | sadhela-dhela sun kudu | tumênga rèhning cingkrang | wong nganggit angeling-eling | sring nggantung pèn kadhang anètèsi kartas ||

31. cawangane pirang-pirang | ting clurêg pating cêlarik | lir cinakar-cakar ngayam | masang têmbung bolak-balik | sastrane tan patitis | ukarane ora dhaup | jêjêr wasesa lèsan | kêrêp bubrah tan kapikir | parandene kumawawa angrêncana ||

32. seje lawan guruningwang | Arya Lekawa ing nguni | widagdèng paramabasa | gita têmbang têmbung kawi | lêlagon mèt surastri |

--- 3 : 262 ---

swara manjing karna turut | tiba sèlèhe enak | titi palane patitis | tumêkane ingsun maksih bangêt kurang ||

33. mung lowung kinarya ngajar | pawiyatan para murid | Falak ingsun gita têmbang | macapat supaya gampil | rèh sira sênêng gêndhing | sarta adrêng kusung-kusung | mungsêng kaananira | bab surya mangke sun anggit | uga mamèt unining Falak akasa ||

34. kulandaragni punika | dèn arani wujud gêni | kinodrat murub tan pêgat | gêdhene ngungkuli bumi | tikêl ping satus luwih | maksih gêdhe surya iku | tan ngulon datan ngetan | tan anjog datan manginggil | panggulunge nora sah luwih rikatnya ||

35. jroning pitulikur dina | panggulunge têpung lagi | saking gêdhene punika | ana cihnane kang yakti | saksine mawa prapti | sêmprong falak asung tuduh | ika srêngenge ana | blêntong têtela kaèksi | praptèng pitulikur dina blêntong sirna ||

36. wus têrang panggulungira | lir gilingan Wanapêti | sanadyan mubêng tan owah | saka panggonanirèki | ngalor-ngidule kaki | iku yaktine awakmu | katut ubênging lêmah | bumyanggung angolah-ngalih | kang mangkono dadi masane wong Buddha ||

37. dene surya winatara | kadunungan kutu kumlip | sabab sarupaning papan | iku pasthi dèn ênggoni | êmbuh warnanirèki | saking kira-kira tamtu | marma pikirên poma | ywa sira maido dhingin | saha aja sira age marcayèng tyas ||

38. kudu timbangên ing nala | ati kang wruh goroh yêkti | mangkono wong ahli cipta | prayitna sarta patitis | mobah-mosiking urip | tuwin barang kang maujud | budinên lan katimbang | aywa tambuh aywa tambuh barang warni |Lebih empat suku kata: aywa tambuh barang warni. kang mangkono kalbu'lmukmin baitu'llah ||

39. ing mêngko sun asung warah | caritaning Falak langit | kang isi lintang malêksan | tan pisan kêna winilis | adoh saka ing bumi | kongsi tan kêna ingukur | mungguh sakèhing lintang | yeka jagad siji-siji | luwih gêdhe ngungkuli dunya punika ||

40. tinon saking pranti falak | ing kaca prasana kèksi | pirang-pirang yuta jagad | kongsi tan kêna winilis | prandene dèn

--- 3 : 263 ---

kawruhi | amung satus patang puluh | punjul papat arannya | sawiji-wiji tinulis | tan kacrita nèng kene ngêbaki papan ||

41. akèh arane kang lintang | maksih têmbung ing 'Arabi | dene lintang kang lumampah | cacahe mung rolas iji | samya ngidêri bumi | surya lan candrama kêmput | araning lintang rolas | uga tan sun tulis ngriki | sabab tanpa daya marang atasira ||

42. sarupaning lintang-lintang | antuk soroting Hyang Rawi | marmane padha sumunar | wit saking kulandaragni | kajaba iku kaki | ana lintang mawa buntut | iyeka kala-kala | mahya mukswara lir agni | dhasar nyata lintang pangawak dahana ||

43. wondene langit punika | tanpa wujud tanpa warni | suwung wang-wung nora kantha | sanadyan udara sêpi | njêmblong kewala kaki | dene ingkang rupa biru | luhure mung sèkêt pal | lir kang wus sun jèrèng ngarsi | pirang-pirang critèng Falak dadi tandha ||

44. mêngko sun ringkês kewala | yèn jinèrèng kurang mangsi | kaananirèng akasa | udara maruta sêpi | marma kèh kukus sami | tan mumbul mubêng puniku | tan têrus ing awiyat | manèh sun ringkês bab langit | kari jagad gumêlaring dunyapada ||

74. Asmaradana

1. sira subrangtaa kaki | kaananing jagad raya | gumêlaring bumi kabèh | kaya ta punang samudra | kasangga ing buwana | dene thole warnanipun | bundêr kêmplêng wus têtela ||

2. bundêre saengga mimis | marma aran cakrawala | iya iku pangkêluke | pinriksa saking kadohan | yakti kaling-kalingan | kang awit bumi malêngkung | tandhane waspadakêna ||

3. manawa grahana sasi | nuju tanggal ping patbêlas | adate katon mancorong | kasunar ing prabangkara | mangka surêm kang wulan | awit kalingan puniku | dening wayanganing dunya ||

4. soroting pratanggapati | candrama kala kalingan | têmahan sirna prabane | wayangan mau têtela | srana kèkêr kapriksa | kang nasabi candra mau | bundêr cêtha wela-wela ||

5. marma krowaknya lumaris | saka ing dhuwur mangandhap | ngrêgêmêng bundêr wujude | yeka wayangan pratala | rèhning kabèh wayangan | tan pae lan wujudipun | saksi malih kang sanyata ||

--- 3 : 264 ---

6. yèn sira nèng têpi jladri | priksanên plêngkunging toya | bundêr alus rata tinon | lamun ana prau têka | sèstu datan katingal | kabèh muhung tiyangipun | apa dene layarira ||

7. sababe kalingan maksih | pangkêlukirèng pratala | marma praune tan katon | lamun lakune wus pêrak | kabèh saya katingal | tiyang layar tuwin prau | iku ingkang dadi tandha ||

8. tandhane yèn bundêr yakti | saka anggiting pujangga | falak ginawe gambare | dening tuwan Pitahoras | walanda tanah Prasman | saha yasa ukuripun | saya têtela nyatanya ||

9. jêmbaring bumi pinanggih | têlung atus sawidak grad | sangang puluh sabên pojok | nganggo garisan mangetan | mangalor ngidul uga | dhewe-dhewe aranipun | maksih basa ing Eropah ||

10. tan ana têmbunge Jawi | marmewuh sinawung têmbung | ing mêngko sun rancag bae | lowung dadia bêbuka | kawruh pamine sarah | angên-angên yayah laut | barang apa manjing bisa ||

11. yakti tan sêsak kang ati | marang kagunaning dunya | sira wus wêruh ênggone | nèng madyèng jantung lan utak | mancorong lir jabarjad | Kancil Amongpraja tur wruh | adhuh Sang Manggala Brata ||

12. amba nyuwun priksa malih | mugi katarbukakêna | grahana surya sababe | kaling-kalingan punapa | dene kenging pinetang | nadyan kirang sèkêt taun | paduka sampun uninga ||

13. dwija Sona amangsuli | sira yun wêruh grahana | kudu ana pirantine | ngèksiya plêthèking surya | myang suruping pracima | anèng ngêndi surupipun | ing ngarêp sun wus sung warta ||

14. grahana surya myang sasi | kudu nganggo ukur falak | kaetunga durarine | dadi ananing grahana | rêmbulan miwah surya | pasthi ana sabên taun | tan kèksi sing tanah Jawa ||

15. yèn sira wus angawruhi | tibèng ngêndi bae wikan | ing wayah jam mênitane | lah kaki mara majua | iki globê ajara | durari ukuranipun | marga tibaning grahana ||

16. tumbukanirèng tri warni | surya wulan tuwin dunya | bumi anèng ngisor dhewe | kang nèng têngah wulan kantha | ngaling-ngalingi surya | dadya sunare katumbuk | surêm padha sanalika ||

--- 3 : 265 ---

17. marma kudu wayah lingsir | yèn ana grahana surya | ing wulan kantha tumbuke | payo marang papan lêmpar | Kancil sira sun ajar | kabênêran masanipun | amênangi tanggal tuwa ||

18. priksanên obahing bumi | saha obahing candrama | durarine ngidul ngalor | yeka kang dadi grahana | rêmbulan saha surya | Kancil lêngêr-lêngêr ngungun | pangetunging grad buwana ||

19. Amongpraja matur malih | lêrês jêng paduka dwija | kêdah uninga etange | durari ukuraning grad | marma ing mangke amba | nyuwun priksa wijangipun | grad ingkang satunggal-tunggal ||

20. sang jurumartani angling | kaki sirarsa ngukur grad | payo mring pulo Piro go | iyèku nggon basbab. sapisan | lintang pêriksanana | wawasên plorodna kulup | yèn klêlêp antuk saêgrad ||

21. kapriye sun njèrèng mangkin | anaksèni ngukur dunya | mil pal cêngkal tuwin elo | rêringkêsanirèng warah | elo iku mèt dunya | para satus patang puluh | yuta saêlo Nèdêrlan ||

22. kalane ing nguni-uni | ananing êlo punika | kumpulan pra pintêr kabèh | wong Inggris Itali Prasman | Dhitslan Bèlgi Switsêrlan | ing taun Sèwu astha tus | lumaksana ngukur dunya ||

23. saking pulo Piru awit | kapal lakune mangetan | tan menggok-menggok lakune | dupi antuk tigang warsa | kagyat para bijaksa | praptèng pulo Piru sampun | dening pangkatira ngarsa ||

24. nulya ingetung kapanggih | sapra patang puluh yuta | siji ingaranan êlo | mètêr basane wong Prasman | wong Dhitslan aran toas | samana purwaning rujuk | bobot kang sarta ukuran ||

25. kongsi praptèng jaman iki | kanggo mring bangsa Walanda | saantero rujuk kabèh | bobot ukuran takêran | purwane saking jagad | iku pêpathokanipun | kudu sira kawruhana ||

26. sun balèni crita malih | gêdhe jêmbare kang dunya | saking wetan têkèng kulon | têpung kongsi têmu-gêlang | têlung atus swidak grad | dunya dènira anggulung | ngubêngi ukur punika ||

27. jroning sadina sawêngi | riningkês patlikur êjam | gradnya ginawe samono | sajam antuk limalas grad | nulya mênit kapara | mangkya têtela katêmu | patang mênit antuk sagrad ||

--- 3 : 266 ---

28. marmane têrangna kaki | amriksani horlogi jam | sukur yèn bisa wruh bêncèt | bêncèt mêngku rong prakara | satunggal gambar surya | kapindo ukuranipun | jêmbarirèng janaloka ||

29. lan malih wêruha kaki | ingkang aran sêkal Prasman | mangkya ginawe wêwaton | pangringkêsirèng ukuran | malih lakuning jangka | lan pasikon kanggo prêlu | atase anyêngkal lêmah ||

30. nanging sun kira sirèki | kapintêranmu mung lumrah | durung wruh jangka myang sikon | luwih manèh etung cêngkal | têlu iku utama | wruhmu sêtun tukang kayu | kanggo ngukur gawang lawang ||

31. ngukur bumi nora ngarti | marma aran wong sapraja | maksih lumrah bae thole | seje lan kang wus bijaksa | ing kawruh ngukur dunya | mangka sayaktine kulup | sabên manusa punika ||

32. dadi juru ngukur pasthi | gawe ukur barang-barang | nanging sirèku durung wroh | ing mêngko kaki sun buka | supaya bisa ngekar | bisa wêruh bae cukup | aywa kongsi salah netra ||

33. yèn ingkang durung mangarti | mriksani gambar-gambar kar | kapencut wêruh pulase | saha alusing panyêrat | ukuran tan rinêmbag | pira jêmbar ciyutipun | mangkono wong nganggo netra ||

34. akèh kagunaning bumi | wawasên kang kongsi wignya | supaya sirnaning bodho | gumêlaring pamulangan | wus luwih sèkêt warsa | wus wêruh kapintêranmu | lagi sapara sayuta ||

35. ananging wus ngaku bangkit | awit tulismu njlagêdhag | ngatumbar Jawa 'Arabe | wus dene tulisan Wlanda | wruh pêpathokanira | kabèh têngêran wus nyakup | pangrasanira sampurna ||

36. iku witmu ngaku wasis | nora kurang gunardika | nanging yèn sira katanggor | wong bijaksa nawung kridha | têmah ewamu têka | rumakêt badan sakojur | dadya bisu tanpa muna ||

37. mangkono wong tunèng budi | wirang lamun têtakonna | jêr nalare mung samote | tan praduli wong sarjana | Kancil tumungkul nêmbah | saha matur klunun-klunun | ngèsthi wahyaning wasita ||

38. Kancil nulya matur malih | adhuh Sang Srênggala Dwija | kawula nyuwun pawartos | saking pandangu paduka | nguni maksih kajaja | mrêngkêl salêbêting kalbu | kodhêng rèh bodho sadarpa ||

--- 3 : 267 ---

39. ingkang paduka wastani | êndi têngahing buwana | lan watêse jagad kabèh | Sona alon wuwusira | bab iku luwih gampang | têngahing kang buwana gung | wêwatone saka sira ||

40. wija purwantara tuwin | utawa pracimantara | pugêraning sujanma kèh | wus dene made pratala | têlênge ngisorira | coba ukurên mangidul | mangalor èstune padha ||

41. marma pêpathokan saking | saking iku kramasaka | têgêse wujudiranggèr | pikirên lamun pinanggya | sira wus madyotama | kang sanadyan tiru-tiru | bêcik kang wêruh sababnya ||

42. mangkya sajarwèngsun wus nis | lagya samene kang mahya | yogya upayanên dhewe | warsitaningsun sadaya | falak lan saprabotnya | kang satiti pangudimu | ywa uwis-wis yèn tan panggya ||

43. wis mundura kaki aji | marang dhatu prabayasa | yèn sira tansah nèng kene | lena panêkêming praja | nuwuhkên aruhara | kitab Falak globê iku | gawanên saatlasira ||

44. sêkal sikon jangka tuwin | blêbês mètêr busol kompas | kèkêr sifat gantung plangsèt | rontèk irêng abang seta | kabèh gawanên padha | besuk watara sataun | bakal sun takoni sira ||

45. wêkas sun poma kang eling | aywa kêmba ing pamriksa | aja mlangkah kêbètane | milih ingkang gampang-gampang | kang angèl linangkahan | yèn wus judhêg pamikirmu | takonna mring bangsa waswa ||

46. algêbrah ukuran bumi | etung mangracut pêcahan | pra puluhan rèhning kowe | uwis katara yèn limpat | muhung kèri sajuga | bab pilasi têmbe ingsun | kang mulang sira priyangga ||

47. sira rèh jumênêng aji | nata gung binatharèngrat | mbawani bawana kabèh | wahyanirèng wahyu wirya | mbawani ing bawana | midana dursilèng ayu | wajibing narendra tama ||

48. dene byuha byakta tuwin | adil karta wisnungkara | sun sakarwakakên dhewe | nanging sira kudu lêga | pangulu patih jaksa | abipraya kapatipun | rumaksaka ing rasika ||

49. gumulung dadya sawiji | pramodaning witaradya | yeka têtêping karaton | ratu pangulu pêpatya | jaksa sabyantu karsa | ngatas sudarsanèng kewuh | muwuhi arjaning praja ||

--- 3 : 268 ---

75. Mijil

1. nanging ana pamintèngsun peling | kang mijil sang katong | supayarja luhur kotamane | mandrawasa midêr nyakrawarti | mantrastutyèng abdi | kang nandhang kaswayun ||

2. sun mêminta manawa marêngi | pra murda rumojong | patik jaksa pangulu rêmbuge | rèhning maksih ana kang gung tis-tis | rina wêngi nangis | iyèku Si Kuwuk ||

3. rèh Wilpusa nguni laku juti | nggênpal tatèng sato | nindakake apus maridake | njaluk pitik dhuwit mori muslim | sakèhing patinggi | mèstu amituhu ||

4. rèhning uwis linakonan lami | sun watara kapok | ingsun kira tri warsa saprene | iku bae apuranên kaki | dimèn mulih saking | Ngayah antuk ampun ||

5. awotsêkar Kancil matur inggih | lumèngsèr lon-alon | lampahira wus prapta ing made | bangsal rukma lunggyèng burdhamanik | nuju ri Rêspati | pasewakan agung ||

Kuwuk linuwaran saka siksane ing pambuwangan banjur winisudha dadi Buyut Tuwanggana

6. pêpak para santananing aji | papatih sumaos | pra nayaka bupatyarya akèh | hulubalang panèwu lan mantri | pangrêmbenya tuwin | narapraja pênuh ||

7. saha para yogiswara rêsi | sumiwi ing katong | Uwauwa kang mangka hulune | indhung uluguntung cèkèl cantrik | janggan puthut wasi | atap ucut lungguh ||

8. kabupatèn jaksa anambungi | Dwirada dibya nom | kori sarayuda saprabote | gripir carik uruting palingguh | sadaya wadya ji | bukuh marikêlu ||

9. nulya Radèn Amongpraja ngliring | patih trang pasêmon | tanggap ing tyas marêk byantara ge | agnyanira Mongpraja mring patih | hèh mukaning mantri | ing mêngko karsèngsun ||

10. Si Wilpusa kang nandhang prihatin | khukuming karaton | kang nèng Ngayah timbalana age | anuduha mantri mangka dadi | dutaning nagari | Sugriwantuk ampun ||

--- 3 : 269 ---

11. patih nêmbah sandika anuding | kêkalih mantri nom | mundhi rontal luwara siksane | Kuwuk kang nèng Ngayah kawlasasih | salire winangsit | duta mangkat sampun ||

12. Amongpraja bubaran tinangkil | kondur angadhaton | kawuwusa caraka lampahe | enggaling crita Kuwuk wus kerid | marga tan winarni | prapta ing praja gung ||

13. nulya sowan dyan bèi marêngi | siniwi kaprabon | ingkang sewaka kadi adate | kawistara Kuwuk nrimèng ati | Mongpraja wahyèng sih | samana mring Kuwuk ||

14. winisudha jinunjung ing linggih | Wilpusa samêngko | dadya Buyut Tuwanggana kinèn | mardi mardawa wiwekèng wèsthi | sadaya ngastuti | suka myang jumurung ||

15. sêsarêngan amisudha linggih | pra narapraja nom | undha usuk pinantês pangkate | ana dadi punggawa manguri | panêkar myang sêndhi | pandêlêgan umbul ||

16. dêmang rangga kabayan ngabèi | kang samya mangartos | punang partisara nyêbutake | kaya ta Lutung pinaring buslid | dadya juru sakit | tanuita dhukun ||

17. sarupane kewan ingkang gêring | wus kontap ing criyos | pramèng guna usada sranane | wus pira-pira lêlara mari | wit dayèng Anjani | tuhu ahli nujum ||

18. saha Lingsang pinaringan ing sih | kangkat saking ngisor | dadya samaita pardikane | mardi basa basukyarjèng kawi | pawiyatan tulis | para siswa dhusun ||

19. tuhu putus kasusastran tuwin | kalungidan ngartos | wus kasusra nirmala malane | saking lami ulah sasmita di | amisudha malih | Luwak juru tênung ||

Tamat caritaning Kancil titimasaning pangêcap

20. sampun tamat caritaning Kancil | dintên Sêtu Kliwon | Mulud Wawu pitulas tanggale | angka sèwu wolung atus tuwin | kawan dasa siki | ing pangêcapipun ||