Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kancil, Broek, 1878, #1524 (Pupuh 08-15)

Katalog:Kancil, Broek, 1878, #1524
Sambung:
1.Kancil, Broek, 1878, #1524 (Pupuh 01-07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1234.
2.Kancil, Broek, 1878, #1524 (Pupuh 08-15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1235.
3.Kancil, Broek, 1878, #1524 (Pupuh 16-21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #1236.

8. Pangkur

1. kunêng kêbo lawan menda | kawarnaa kang wus lumayu gêndring | macan gembong nusup-nusup | andhêlik gêlagahan | nulya kêthèk amarani ênggènipun | dèn upaya wus kapanggya | wanara angucap bêngis ||

2. hèh gembong aranmu macan | têka jêrih lumayu sipat kuping | yèn mungguha awak ingsun | asiyung kaya sira | sun tubruk bae si kêbo saking pungkur | yèn datan kêna arisan | kalah apa salah siji ||

3. yèn siyunga kaya sira | miwah cakar sikilmu ngarêp buri | angapa sira lumayu | macan gembong angucap | nora wêdi ngong lan si kêbo puniku | lagi ingsun duga-duga |

--- 70 ---

angaso ing grumbul dhingin ||

4. angasokakên ambêkan | sêdhêng tungkul mangke si kêbo aring | ngong wêtoni saking pungkur | ingsun datan sêbawa | anauri si kêthèk bênêr ujarmu | lamun si kêbo aringa | iki maesa wus gêndring ||

5. lumayu angungsi tata | sun ngon bae mau sasolahnèki | angungsi wêdhus parucul | sanggup mungsuh lan sira | akèh-akèh si parucul sanggupipun | têka amêmanas driya | mau sira dèn sumbari ||

6. yèn aku rangah siyunga | kaya sira nora banyu sinaring | si parucul sun kalêthuk | êndhase dimèn pêcah | nuli ingsun bêkuk gulune kariyuk | daginge ngong mamah-mamah | gêtihe sun lôngga nuli ||

7. duk miyarsa sru bramantya | asru ngucap nyata si wêdhus wani | si kêthèk malih amuwus | môngsa ingsun goroha | iya ana si kêbo eca anjêrum | anèng wurine si menda | tur sarwi anggêgayêmi ||

8. solahira ngenak-enak | amalegung awak lêmu anggajih | si macan gembong agupuh | marani goning menda | sira kêthèk angon ing sasolahipun | amalembang pêpenekan | dènira nganguk-anguki ||

9. sarwi mangan wowohan |Kurang satu suku kata: sarwi amangan wowohan. dhuwêt jambu kêluthuk kuwèni |Kurang satu suku kata: dhuwêt jambu kêluthuk lan kuwèni. sira sang wêdhus parucul | dangune wus prayitna | anyêlaki karang pagêdhanganipun | kang wus lami ingobongan | dêboge bosok [boso...]

--- 71 ---

[...k] prasami ||

10. tan pisah lawan maesa | sampun munggèng obong-obongan kalih | macan gembong nulya rawuh | dohnya duk sapambalang | sigra ngadêg si prucul asru amuwus | lah si gembong iku prapta | aparsa sida ngayoni ||

11. marang kadigdayan ingwang | kasudibyan karosanku ing jurit | ing mêngko payo prang pupuh | yèn sira wus uninga | kebarane kewala nora kalajuk | mêngko gonmu duga-duga | sun awèh pêpinton dhingin ||

12. ing kono bae mandhêga | sira wruha maring kadibyan mami | yèn uwis mêngko andulu | angajak pirang dina | payo aprang dèn padha tatag atutug | têtêg aywa na ngucira | ing prang wus ngong impi-impi ||

13. sigra dènira tumandang | sang parucul anumbuk gêdhang mati | kang wus bosok dêbogipun | angglasah ting sulayah | ngiwud-ngiwud sira sang wêdhus parucul | sarya sru dènira ngucap | hèh gembong dêlêngên mami ||

14. macan gembong giris mulat | nora têtêg sigra lumayu gêndring | sampun malêbèng garumbul | nusup ing gêlagahan | giro-giro asru ing panggêronipun | dyan ngalih panggonanira | si wêdhus parucul nuli ||

15. anyêlaki pinggir sêndhang | datan pisah maesa anut wuri | sira sang wêdhus parucul | sigra dènira ngalap | godhong jati kang anom ginilut |Kurang dua suku kata: godhong jati kang anom-anom ginilut. sadangunira mangkana | godhong jati dèn gayêmi ||

--- 72 ---

16. mangah-mangah cangkêmira | duleweran kadya gêgubras gêtih | si kêthèk sigra tumurun | saking ing pêpenekan | amarani si macan kang kagum-kagum | anèng garumbul singidan | si kêthèk angucap bêngis ||

17. hèh gembong pagene sira | kapiandhêm lumayu têmah dêlik | nora nubruk si parucul | têka adhêradhasan | macan gembong alon dènira sumaur | mulane ingsun lumajar | si kambing digdaya sêkti ||

18. kayu-kayu binijigan | rangkêp tiga rangkêp pat rêbah sami | miwah rangkêp lima rubuh | digdayanya kaliwat | si parucul ngong duga digdaya têguh | ukur bae kinosodan | kayu rêbah anggulinting ||

19. iku erame tyas ingwang | wêdi bangêt ngong iki dulu kambing | dene rosane kalangkung | ngong miyat sing kadohan | mung jinawil ana kang sinepak rubuh | tur nora pati rêkasa | kayu rêbah bosah-basih ||

20. kayune adhêdhapuran | buh kayune ingsun nora nyêlaki | si kêthèk angucap asru | busuk aranmu macan | kurang titi sira kêna binalithuk | basa ika witing gêdhang | gêdhang alas dèn obongi ||

21. wus lawas ing mangke pêjah | godhong sirna uwite bosok sami | yèn dinumuk ukur-ukur | gadêbog pêsthi rêbah | aku bae anaa sèwu rongèwu | tan kangelan ngrêbahêna | môngsa nyambata sirèki ||

22. dhêlêg-dhêlêg duk miyarsa |

--- 73 ---

macan gembong wasana ngucap aris | yèn mêngkonoa tuturmu | mêngko ingsun lumampah | sêdhêng aso anata ambêkan ingsun | si kêthèk nambungi sabda | aja ta kakehan pikir ||

23. têka tubrukên kewala | si parucul nora bêbayani |Kurang satu suku kata: si parucul nora ambêbayani. tanpa sungu tanpa untu | apa kang kinajrihan | tubruk bae nuli bêkuk gulunipun | daginge dèn mamah-mamah | cucupên matane kalih ||

24. macan gembong gya lumampah | sigra-sigra si wêdhus dèn ulati | wanara sampun atuduh | saking ing pêpenekan | manguk-manguk angoning sasolahipun | macan gembong sigra prapta | si wêdhus angucap bêngis ||

25. iku macan gembong prapta | bali malih baya ngatêrkên pati | apa sira nora wêruh | yèn mamah aku macan | lah dêlêngên apa ta ana ing banyu | sêndhang iku tingalana | lèkna netranira kalih ||

26. aku mau mamah macan | kari dhase ngong dokok jroning warih | lah tilikana dèn gupuh | yèn sira tan pracaya | têka nurut macan gembong mara gupuh | manahira ongkang-ongkang | lampahira mindhik-mindhik ||

27. prapta pinggire kang sêndhang | macan gembong ningali jroning warih | êndhase dhewe kadulu | wayangan jroning toya | sira wêdhus parucul marani gupuh | onyor-onyor nora taha | sarwi mamah godhong jati ||

28. cangkême amangah-mangah | duleweran kêkècèr [kêkè...]

--- 74 ---

[...cèr] turut margi | ayêm rèrèh manahipun | nora duwe mêmaras | macan gembong awas dènira andulu | wêdhus parucul marêpak | manahira bela tampi ||

29. pangrasane dèn kalêthak | macan gembong giwar lumayu gêndring | giro-giro kagum-kagum | nusup ing gêlagahan | pangrasane palayune tinut pungkur | rumôngsa kênèng loropan | si kêthèk agawe pati ||

30. langkung maras ajrihira | macan gembong angungsi jurang trêbis | sira kêthèk sigra mêdhun | saking ing pêpenekan | amarani macan gembong wus kapangguh | si macan asru angucap | sirèku gawe bilai ||

31. nora patut ginugua | saujarmu tan ana kang pinanggih | apa têgêse sirèku | anglêbokkên loropan | ya si wêdhus parucul nyata puniku | mamah-mamahane macan | ingsun dhewe angyêktèni ||

32. nyata ana êndhas macan | jroning sêndhang sisane kang binukti | aja kêbata lumayu | ingsun arsa dèn mamah | nora patut mung kajailan bandhamu | misahakên pawongsanak | kang eling pinriha lali ||

33. sira gêgêdhêging jagad | ratuning dur ala-alaning bumi | sigra kêthèk alon muwus | ngrêpèpèh mêndhak-mêndhak | hèh sang gembong sarèhna ing tyas sirèku | mêngko ingsun awirayat | idhêpên pitutur mami ||

34. sira maksih dèn sarekal | mring si wêdhus luwih guna

--- 75 ---

kapati | sira ingkang binalithuk | ika ingkang dèn mamah | godhong jati kang anom suwe ginilut | pêsthi abang lir rudira | basa kang sira tingali ||

35. anèng banyu jroning sêndhang | ya wayangan êndhasira pribadi | kang katon sajroning banyu | iya êndhasing macan | pêsthi padha rupane kaya êndhasmu | lah iki aku anggawa | anom-anom godhong jati ||

9. Sinom

1. sigra wau sang wanara | dènya mamah godhong jati | riyak idu duleweran | sarya sru dènira angling | macan dêlêngên mami | warnanipun kadi marus | yèn sira tan pracaya | ika mau godhong jati | kang dèn mamah marang si parucul menda ||

2. jêngêr dènira tumingal | macan gêgêtun kapati | nanging tyasira sandeya | was-uwase nora mari | anawung sônggarunggi | kaya iya kaya dudu | yèn nyata saking gêlar | dene tan môntra katawis | sasolahe si wêdhus ayêm kewala ||

3. datan aduwe mêmaras | nora nganggo sônggarunggi | sira kêthèk malih mojar | hèh macan gembong apa wis | sira pracayèng galih | anggugu saujar ingsun | alon sauring macan | maksih satêngah tyas mami | sang wanara wuwusira mêlas-arsa ||

4. yèn sira durung pracaya | ngong ngatêr marang sirèki | lah ugêrên buntut ingwang | kalawan buntutirèki | ngong nunggang anèng gigir | payo anuli lumaku | macan nurut kewala | buntute [bu...]

--- 76 ---

[...ntute] dèn ugêr nuli | pan dèn pati ginodhi ngoyod-oyodan ||

5. sigra lampahira prapta | si prucul sampun apanggih | ana rotêngah pambalang | nora cêlak nora têbih | parucul asru angling | lah si kêthèk iku rawuh | anggawa pajêg macan | sabên dina kalih-kalih | dene iku mung siji gêgawanira ||

6. macan gembong duk miyarsa | wuwusing menda kadyèki | sigra giwar kapêlajar | palayune lonjong mimis | tan nganggo nolih wuri | milar-milar kagum-kagum | kasingsal kêthèk tiba | dèn lêlarak mobat-mabit | lir winasuh kabênhuskabêntus. witing palasa ||

7. kuwandane nora kalap | ajur luluh rontang-ranting | têkan bêbalunge sirna | gêmêt datan ana kari | mung kari buntutnèki | ginodhi tan bisa ucul | nusup ing gêlagahan | mudhun jurang nibèng curi | sira macan marase kaliwat-liwat ||

8. langkung dènya ngônta-ônta | tan kêna kêthèk cumuwit | yèn kacandhak dèn sasêmpal | têkan balunge binukti | ginayêm rina wêngi | esuk sore nyamuk-nyamuk | kabelan mangan kênas | macan iku amiwiti | amamôngsa sakèhe kang burènburon. wana ||

9. nanging kang dadi anggêran | kang wus pêsthi dadi melik | dêdhaharane si macan | para macan-macan sami | kêthèk kang dèn kabèli | kajaba ingkang katungkul | anggêring sabên warsa | kêthèk asok bulu-bêkti | mring si macan ingkang [ing...]

--- 77 ---

[...kang] dadya bêbadhogan ||

10. sabanjure nora towang | nora nganggo dèn watêsi | praptaa dina kiyamat | si kêthèk maksih ngêsoki | bulu-bêktine mili | si macan kang duwe iku | yèn nora mêngkonoa | kêthèk tan bisa kêkaring | ngêndi gone asêsaba ngambil boga ||

11. mulane satêngah ana | carita kang sampun yakin | kalane kêthèk punika | anèng panggonane sami | kayu gorda gêng inggil | si kêthèk pating palangkruk | ngisor tinunggu macan | dêdalane dèn adhêpi | witing kayu kang minôngka lurungira ||

12. sapira lawasanea | macan maksih anunggoni | anèng ngisoring wanara | nora lunga-lunga sami | yèn dèrèng dèn wènèhi | kêthèk siji loro têlu | gunggunge si wanara | kang parentah angladèni | ingkang môngka mantri bupatining kênas ||

13. sapa kang duwe bênêran | dadi ladèn bulu-bêkti | wanara samya tumandang | êndi kang wus ambênêri | winisesa prasami | saparane binabujung | binyuk ing kêthèk kathah | pinêgatan kanan keri | ginarêjêg jinorog tibèng dharatan ||

14. angroncal sigra dèn untal | macan ingkang anadhahi | ana sadasa rongdasa | apa adate kang dhingin | yèn sampun jangkêp nuli | macan sigra kesahipun | saking soring mandira | kêthèk nulya mêdhun sami | asêsaba samya angulati boga ||

15. kari [ka...]

--- 78 ---

[...ri] bupati kewala | miwah bangkokan minantri | mathongkrong anèng mandira | nèng paragak jalu èstri | têngga wismanirèki | pinanji-panji puniku | pangane nora susah | wanara samya ngaturi | dhedhaharan kang adi kang endah-endah ||

16. datan towang sabên dina | mêngkono tatane sami | wanara lamun bêcika | manahe aja ajail | duwènana sathithik | salamêt budi rahayu | samine sato wana | sayêkti luhur pribadi | wus dilalah wanara budine rucah ||

17. cacah-cucah datan prênah | panastène tanpa pamrih | mung amrih suka sadhela | larane tan dèn kawruhi | wruha ing ala bêcik | tingkah andhap lawan luhur | utama manggih wênang | wênang lair wênang batin | tumaruntun marang anak putunira ||

18. tan kadi iku wanara | apês sajêg-jêge urip | umure katiwar-tiwar | winèwèhkên sabên warsi | ya ta maesa mangkin | dènira pawongsadulur | lawan parucul menda | angeka parêng ngêmasi | lulus sami dènira pawongsanakan ||

19. kunêng gantya kawarnaa | sang kidang kalanirèki | asih dènya pawongmitra | kidang sêsanakan pêksi | pêksi ceplukan angling | hèh kidang ngong jaluk tulung | pirabara ing benjang | ingsun bisa amangsuli | kabêcikan gonira tulung maringwang ||

20. kang dadi susah manira | alang-alang ngong susuhi | lagi angrêm rabiningwang | rubêde kapati-pati | wus angsal pêndhak ari | lagi

--- 79 ---

ing panêtêsipun | lamun ingsun ngaliha | tan bisa anggawa mami | sabab dene dina iki alang-alang ||

21. arsa dèn arit ing janma | kaya têlas dina mangkin | nora wande nak ingwang |Kurang satu suku kata: nora wande anak ingwang. kabèh kèlês padha mati | sang kidang anauri | lah gêlakên lolohipun | dimèn enggal wêtu lar | ingsun tulung ing sirèki | andêlêna ceplukan aja duhkita ||

22. wus matêng prajangjinira | sang kidang lawan sang pêksi | wus mantuk panggih lan garwa | pawarta salampahnèki | dalu warnanên enjing | janma ingkang ngarit rawuh | sami sèlèh pikulan | sigra dènya nyandhak arit | kawarnaa si kidang ingkang singidan ||

23. saking alang-alang mêdal | pêpincangan lampahnèki | kidang lakune narajang | wong ngarit dipun cêlaki | lampahnya mandhêg nolih | kadi kêna binabujung | kidang apêpincangan | manungsane aningali | alok-alok pinêgatan keri kanan ||

24. tinubruk keri anganan | tinubruk kanan angeri | sinarêmpêng pinêgatan | kidang milar kadi thathit | prasamya dèn kèndêli | kidang ika malih muncul | sarwi apêpincangan | kadya pincanga sayêkti | dyan binuru kanan keri pinêgatan ||

25. kidang milar nusup wana | dèn ubrês datan kapanggih | prasamya kaku tyasira | lagi nyandhak arit malih | arsa sami ngariti | kidang ika malih muncul | sadangune mangkana | wus aub wayahirèki | asar andhap wurung ngarit [ngari...]

--- 80 ---

[...t] alang-alang ||

26. dadya abubar kewala | mulih ing wismane sami | enjingipun malih prapta | sakèhe kang ngarit sami | bêkta cucukan êpring | sinangkêlang aritipun | sapraptanirèng wana | prênah ngarit gone wingi | lagya arsa tumandang sakèhing janma ||

27. si kidang anuli mêdal | saking alang-alang malih | sadina-dina mangkana | kidang pincangan ngalangi | datan kongsi angarit | bubare kasaput dalu | mangkana lama-lama | ceplukan sumuri-suri | pêndhak dina kumêbêt wus bisa lunga ||

28. saking susuhira mêdal | anake kabèh dèn iring | jalu èstraèstri. sampun panggya | lan si kidang ngucap aris | dhuh kidang awak mami | lan saanak rabiningsun | bangêt kapiutangan | sasat sira awèh urip | ingsun datan bisa malês marang sira ||

29. alon saure si kidang | wus bêgjanira pribadi | iya sang manuk ceplukan | tan kawawa anak mami | yèn padha têmên ugi | sayêkti têka jinurung | barang panggawe gampang | datan angèl dèn lakoni | drêma bae ngong iki dadi jalaran ||

30. papêsthène awakira | yèn Allah wus anguripi | sapa bisa gawe pêjah | yèn wus papêsthène bêcik | sapa bisa ngalani | kang ala yêkti kalurung | ala winalês ala | kang bêcik winalês bêcik | bêcik ala badane dhewe kang murwa ||

31. nauri manuk ceplukan | dhuh kidang bênêr sirèki | sakathahe wuwusira | kabèh tan ana kang sisip |

--- 81 ---

nanging ingsun puniki | kayapa bisaa ingsun | amalês marang sira | sang kidang nauri aris | hèh sang manuk ceplukan aywa mangkana ||

32. ciptaningsun padha-padha | rèhning sami urip iki | iya tulung-tinulungan | sagadug-gaduge sami | sabisa-bisanèki | yèn padha têmên puniku | mokal nora bisaa | dumèh gêdhe lawan cilik | yèn sinêdya sayêktine têka bisa ||

33. nêngêna datan kocapa | dènira agunêm kawis | kidang lan manuk ceplukan | sang kidang winarna mangkin | duwe prasanak malih | sang kêthèk kêkaruhipun | rukun tunggal pasaban | mangkana sang kêthèk prapti | nguwuh-uwuh wanara saking penekan ||

34. hèh kidang payo sêsaba | ing kana ingsun ningali | ana wong anandur kacang | galeyor dipun lanjari | sêdhêng wohira dadi | ijo-ijo godhongipun | lêmbayunge akathah | sang kidang ika nuruti | wus umangkat kalihnya mring pakacangan ||

35. sapraptanira ing têgal | wanara lumêbêt aglis | lajêng amangani kacang | sabuk oyod wus rinukti | bikut dènira bukti | kêbak kêmpung lambungipun | bêntoyong isi kacang | kidang tansah dèn pêpengin | sira kidang tan bisa malêbèng têgal ||

36. bêthèk rapêt sinangkrahan | ri tanjang miwah ri bandhil | sajawining patêgalan | sang kidang awira-wiri | dènya ngupaya margi | sadangune datan antuk | mundur

--- 82 ---

jalu wanodya | sang wanara anututi | nguwuh-uwuh hèh kidang sira balia ||

37. sun bêdhahkên pagêr sira | nuli mêmangana aglis | ingsun lagi enak mangan | kacang cuwa sira lari | kidang têka nuruti | wus binêdhah pagêripun | kidang malêbèng têgal | lan wanara eca bukti | sira kidang angrampêt pamanganira ||

38. godhong pupuse pinangan | tuwa anom dèn rampêdi | sang kêthèk iku murina | hèh kidang sira puniki | mundura anglêburi | nora êngah pamanganmu | tan nganggo duga-duga | têkan pupuse binukti | ngêtarani nora nganggo sawêtara ||

39. jamak kang tuwa kewala | pupuse aja binukti | ngèngèhane benjang-enjang | tan ana cinolong malih | sang kêthèk bêkas-bêkis | sarwi nisil kacangipun | sadangune mangkana | kidang tansah dèn aruhi | sira kidang sêndhu nauri wacana ||

40. ujêr dêdoyaningwang |Kurang satu suku kata: ujêr ing dêdoyaningwang. lêmbayung kang anom iki | bok aja kakehan ujar | aran ta padha abukti | sasênênge pribadi | apan dudu tanduramu | si kêthèk kadumêlan | sang kidang datan nauri | ngeca-eca dènya mangan roning kacang ||

41. wus warêg dènya mêmangan | sang kidang kesah tumuli | nanging wanara tan suda | raose sakit ing galih | marang sang kidang nênggih | cipta pinrih patinipun | ing dalu tan kocapa | enjing kang duwe talitik | marang têgal angidêri pakacangan ||

42. kagyat dènira [dèni...]

--- 83 ---

[...ra] tumingal | kacang lêmbayunge ênting | tinitik pagêre bêdhah | tabêt kidang kang abukti | dukanira tan sipi | sigra pinarantèn gupuh | amasang kala bancang | manawa kidange bali | wus tinilar sang kêthèk kang kawarnaa ||

43. bali maring pakacangan | sang wanara aningali | lamun ana kala bancang | bungahe kapati-pati | sigra dènira bali | ngupaya kidang wus pangguh | alon dènya wacana | hèh kidang payo dèn aglis | padha mênyang marana anyolong kacang ||

44. eman yèn tan binalenan | lêmbayunge anom sami | sang kidang alon saurnya | têka mênyanga pribadi | ingsun nora praduli | bêbarêngan lan sirèki |Guru lagu seharusnya : 8u, bêbarêngan lan sirèku. ngajak padu kewala | anggung gawe mêmancèni | ngumêl-umêl ingsun tan bêtah miyarsi ||Guru lagu seharusnya : 12a, ngumêl-umêl ingsun tan bêtah miyarsa.

45. lawan malih yèn manira | tan bisa bêdhah pribadi | pagêr têgal pakacangan | têka muktèkna pribadi | wanara ngucap malih | ngasih-asih wuwusipun | dhuh kidang aja susah | ingsun ingkang awèh margi | lawan ingsun angrojong sakarsanira ||

46. ora-orane manira | angaruhana sirèki | gènnya mangan roning kacang | lagi wingi sun waoni | coba-coba pribadi | rèhning apawongsadulur | nora tumêkèng manah | aja dadi tyasirèki | wus jamake sêsanak coba-cinoba ||

47. sasêmbranan gêgujêngan | wus wiyahe padha bêcik | lamun dadi manahira | sayêkti ingsun marèni | kidang têka

--- 84 ---

nuruti | saksana samya lumaku | mring têgal pakacangan | wanara lumakwèng ngarsi | sapraptane pagêr têgal pakacangan ||

48. jujug gone kala bancang | sang kidang nora udani | sawuse pagêr binêdhah | wanara lumêbu dhingin | kidang dèn ajak nuli | marang gon bancang puniku | sigra ingatag mangan | gya mangan sarwi lumaris | langak-langak lampahe datan wiweka ||

49. saksana kêna ing bancang | sukune si kidang èstri | anggronjal kagyat tan uwal | têtaline aningsêti | kidang lanang aningali |Lebih satu suku kata: kidang lanang ningali. anjêngêr tan bisa tulung | sangêt prihatinira | sang kidang jalu lan èstri | anênêdha maring Hyang Kang Maha Mulya ||

50. hèh ya Allah kang murbèng rat | kang tan kasamaran saking | bilai donya sadaya | hèh Allah Kang Maha Suci | kawula nuwun ugi | pitulungirèng Hyang Agung | awit dening kawula | kenging ing papa bilai | linuwarna sing bilai kala bancang ||

51. ya ta bungahe kalintang | sang wanara aningali | yèn sang kidang kênèng bancang | tanbuh gone sukanèki | galinting nibèng siti | ngiwi-iwi nyamuk-nyamuk | sarwa anisil kacang | pangucape ngisin-isin | lah-lah kidang enak rasane ron kacang ||

52. iki lêmbayung nonoman | panganên lah kidang èstri | aja pijêr garonjalan | eman lêmbayung taruni | lamun nora binukti | dhuh eman-eman lêmbayung | ing mêngko rasakêna | pêpanggile kang pinanggih | nora

--- 85 ---

wurung pinêcah-pêcah dhasira ||

53. dagingmu pinurak-purak | bêbalungmu dèn gêcêki | kinalonyom kulitira | lêga rasane kang ati | dangu angisin-isin | wanara sigra angaup | ing gombol pakacangan | manawa kang duwe prapti | ciptanira wêruha yèn dèn pêpurak ||

54. cêlak nanging tan katingal | wanara dènira dhêlik | wus ngati-ati prayitna | kidang kang sangêt prihatin | langkung kawêlasasih | kidang lanang awêtu luh | rabine kênèng kala | nora bisa anguculi | sambat-sambat kidang èstri marang priya ||

55. kadya rinontok tyasira | kidang lanang wlas ningali | ya ta kèngêtan samana | lamun duwe mitra pêksi | ceplukan duk ing nguni | wus winangsit rabinipun | aris binabisikan | kidang lanang wus winêling | gya lumayu angulati mitranira ||

56. kaparêng manuk ceplukan | kapanggih lagya salisik | kidang lanang aris mojar | dhuh mitraningsun sang pêksi | ceplukan ingsun iki | asangêt prihatin ingsun | prakara kadangira | rabingong kawêlasasih | kênèng kala bancang têgal pakacangan ||

57. wit panggawene wanara | ingsun tan bisa nguculi | kaya ngapa akalira | pêksi ceplukan nauri | aja sira prihatin | mêngko ana akal ingsun | payo padha pinaran | anulya sami lumaris | sira manuk ceplukan asigra-sigra ||

58. jalu èstri sampun prapta | anake kabèh dèn irid |

--- 86 ---

sapraptanira angucap | bêbisik mring kidang èstri | kidang wawêkas mami | yèn kang duwe kala rawuh | aja sira ambêkan | bêtah-bêtahêna dhingin | malah-malah wêtêngmu palêmbungêna ||

59. dimèn kadi abuh mana | dèn kadi suwe wus mati | awak têkan matanira | kabèh mêngko ngong isingi | dèn kadi nyata mati | yêkti tinugêl punika |Guru lagu seharusnya : 8u, yêkti tinugêl puniku. bancang talining kala | yèn wis tinugêl dèn aglis | lumayua ingsun kang mangsit mring sira ||

60. saksana manuk ceplukan | anak rabine ngisingi | maring sang kidang wanodya | apan wus winêling-wêling | kang duwe kacang prapti | sarwi nyangking kudhinipun | midêr ing pakacangan | bungah dènira ningali | pasangane kala bancang olèh kidang ||

61. sigra wau pinarpêkan | kidange sampun ngêmasi | langkung ing pangungunira | pangucapira ing galih | wus suwe ngong wêtawis | kidang iki patinipun | mundhak jêmbêri têgal | pan arsa binuwang têbih | gya tinatas kala têtalining bancang ||

62. sigra milar amalajar | sang kidang lumayu gêndring | nêrajang kêthèk umpêtan | sigra sinawat ing kudhi | sêdyane dèn tututi | sang kidang sinawat luput | ing gombol kang singidan | si kêthèk êndhase kêni | anêratas kêthèk pêjah kapisanan ||

63. kagyat ingkang duwe bancang | mulat ana kêthèk mati | anggraita ing tyasira | iki baya kang marahi | sok pagêr dèn bêdhahi | si kidang ika

--- 87 ---

jumrunuh | sigra cinacah-cacah | kuwandane rontang-ranting | saking kudhi patine kêthèk punika ||

64. ya iku dadi istilah | budi ala kang pinanggih | wong tan tuhu pawongsanak | sêdyane amrih matèni | têmahan manggih pati | sasêdyane nora tutug | dadi manggih kantaka | kunêng kidang kêthèk sami | bêbangkelan sêsanak gawe asmara ||

10. Asmaradana

1. gantya kang winuwus malih | pinggiring kali bêngawan | ana kayu êlo dhoyong | dhoyonge maring bêngawan | tumêlung ingkang wrêksa | anglangkungi agêngipun | ana saking rong maesa ||

2. anggawing oyode gênting | tumawing pinggir bêngawan | kalamun umok kaline | kadya êrong anjlêgodhag | sêdhêng baya têtiga | dene yèn toyane surud | arêsik upama guwa ||

3. pangungsène kidang kancil | samêntase nginum toya | maring kono goning ngaso | nanging nora pati tanak | sakêdhap nuli lunga | munggah marang ing pêpundhung | eca gonira mêmangan ||

4. kayu kêndhayakan tuwin | anèng sor kayu kêmlaka | padhang sakiwatêngêne | jênake si kancil kidang | anjêrum sêsarean | gayêmi têtêp tyasipun | sawarêgira mêmangan ||

5. dene lamun umok kali | ngandhape êlo punika | panggonaning baya ngosèk | anuju sawiji dina | ngisoring kayu ika | ana bajul siji rawuh | ngisoring [ngisor...]

--- 88 ---

[...ing] kayu anendra ||

6. kapati dènira guling | si bajul nora wiweka | lamun wus bangêt dhoyonge | kang kayu êlo mèh rêbah | bajul nora graita | mangkana toyane surut | bajul maksih eca nendra ||

7. nulya angin agung prapti | mêsês ingkang bayubajra | pring ori gumrit swarane | kayu êlo nulya rêbah | sol rubuh ing bêngawan | kayu angrubuhi bajul | ngalang anèng gigir baya ||

8. si bajul kagyat atangi | gigir katindhihan wrêksa | toyane asat gêlèthèk | bajul datan bisa obah | gigire gendhong wrêksa | langkung ing pangungunipun | si bajul nora anyana ||

9. pangunandikaning galih | gêgêtun kaya matia | si bajul nora andipe | yèn kayu angrubuhana | dene panggonan lama | mulane enak aturu | bajul ingkang katindhihan ||

10. arsa kesah nora bangkit | tan kêlar angundha wrêksa | dadya anglugur kemawon | langkung saking kawlasarsa | si bajul mêgap-mêgap | alon ing sêsambatipun | ya Allah Kang Maha Mulya ||

11. age luwarana mami | saking ing papa cincrakacintraka. | dhuh bangêt têmên abote | nora tau têmên ingwang | lagi iki sapisan | iya karubuhan kayu | larane kaliwat-liwat ||

12. nuli buwangên dèn aglis | kayu saking gigir ingwang | ya Allah aja kasuwèn | sêlak lara sêlak sayah | dèn enggal tulungana |

--- 89 ---

dhuh-dhuh adhuh nora wurung | ingsun mati dening wrêksa ||

13. lah tulungana dèn aglis | suwe têmên hèh ya Allah | nora têtulung maring ngong | si bajul kaku tyasira | sêsambate mlasarsa | suwe nora nana rawuh | Allah Ingkang Maha Mulya ||

14. tan arsa tulung tumuli | ingsun iki nêmu papa | pataka ngluwihi gêdhe | manggih lara sèwu lara | tan nganggo sawêtara | awèh lara ngumbuk-umbuk | bok aja kaliwat-liwat ||

15. liwat saking datan apti | ingsun katindhihan wrêksa | siniksa apa dosane | puniki badan kawula | angur nuli matia | tan dêdawa sakitipun | ya Allah banjutên ingwang ||

16. si bajul mupusimupus ing. galih | mari dènya ngundhat-undhat | iya maring Pangerane | rumôngsa gêng dosanira | cipta tan wande pêjah | mung nuwun apuranipun | kang sampun sami kawuntat ||

11. Pangkur

1. kunêng kang langkung kasrakat | sira bajul sêsambate mlasasih | tan cinatur laminipun | bajul kang manggih papa | kang kocapa ana buron alit rawuh | saking pêpundhung pan arsa | tumurun anginum warih ||

2. sawusira amêmangan | sira kancil alon tumurun aglis | prapta ing bêngawan sampun | nulya anginum toya | wusnya warêg si kancil marpêki gupuh | ing panggonane si baya | kang katindhihan mèh modir ||

3. si kancil awas tumingal | maring bajul kancil alon dènnyangling | bajul pagene [pa...]

--- 90 ---

[...gene] sirèku | katindhihan prabatang | sira bajul alon anauri wuwus | angulung sêsambatira | dhuh kancil ingsun puniki ||

4. sokur têmên sira prapta | têtulunga marang ing kawlasasih | datan ana yogyanipun | dhuh kancil amung sira | têtulunga marang iki awak ingsun | pirabara ingsun bisa | ing têmbe mangsuli kang sih ||

5. amalês ing kabêcikan | maring sira yèn ingsun bisa urip | saking pitulungirèku | apa sun walêsêna | lamun luwar akathah punaginingsun | wite ingsun katindhihan | iya ing kayu puniki ||

6. kalane gêdhening toya | ingsun turu tan wruh suruding warih | nuli kayu iki rubuh | ngrubuhi gigir ingwang | tanginingsun kagyat katindhihan kayu | tan wruh ingkang dadi purwa | wêruh-wêruh wus nindhihi ||

7. êlo maring gigir ingwang | amung iku kancil pangawruh mami | si kancil nauri wuwus | ingsun nora kaduga | yèn wêlasa têtulung mring sira bajul | ewa mangkono yèn sira | têmên-têmên lair batin ||

8. gonira trêsna kêkadang | marang ingsun pêsthi amêrês budi | bajul sumaur angulung | hèh kancil dèn pitaya | lair batin ingsun angaku sadulur | iya kancil marang sira | apa sakarsanirèki ||

9. angrèh maring raganingwang | saparentahira ingsun lakoni | mau wus akèh kawêtu | ujarku maring sira | sira kancil alon ing pamuwusipun | mêngko antinên sadhela |

--- 91 ---

sun lunga ngupaya pikir ||

10. rêrêmbugan lawan sanak | sato wana mêngko ngong nuli bali | lawan pawongmitraningsun | bajul alon saurnya | iya kancil nanging aja dangu-dangu | sira nuli abalia | nulya tulungana mami ||

11. si kancil sigra umêsat | munggah marang pêpundhung angulati | nênggih pawongmitranipun | kunêng kang kawuwusa | banthèng lawung gêrahuyang awakipun | samêntasira mêmangan | banthèng arsa nginum warih ||

12. lan arsa guyang sarira | alêlumban bêngawan sêdyèng galih | kapêthuk si kancil muwus | dene ta pasang yogya | sira banthèng arsa marang ngêndi iku | sun upaya nuli prapta | banthèng anauri aris ||

13. sun arsa maring bêngawan | saking ngêndi lah sira iku kancil | dene asigra lakumu | beda kalawan saban | sira kancil nauri wacana arum | lah mara nuli ngombea | anguma angguyang nuli ||

14. sadhela nuli mêntasa | aja suwe mêngko sun pituturi | banthèng lawung gya tumurun | kalihe mring bêngawan | banthèng lawung sawusnya warêg anginum | angum angguyang sarira | kancil nèng têpining warih ||

15. banthèng lawung wusnya siram | sigra mêntas bêkos-bêkos kêkirig | daringakan ngambus-ambus | abigar gêgêdrugan | wusnya aring si banthèng ambêkanipun | si kancil sigra angucap | lah banthèng ingsun tuturi ||

16. mila sira sun upaya | utamane [uta...]

--- 92 ---

[...mane] sira gawea bêcik | ana pawongmitraningsun | si bajul namanira | kasangsaya iya karubuhan kayu | anèng pinggiring bêngawan | langkung saking kawlasasih ||

17. anjaluk tulung maringwang | wêlas têmên sun tan bisa nulungi | marang ing bajul puniku | mulane banthèng sira | têtulunga puniku marang si bajul | banthèng ngungak sarya ngucap | kancil ngong datan kadugi ||

18. dene kayu gêng apanjang | kang nindhihi marang si bajul iki | kancil malih wuwusipun | lah aja sira susah | wêgah dening kayu gung panjang puniku | ana sarat lawan akal | ing mau wus sun talitik ||

19. mung kari oyod sapala | rungkadipun kayu mêksa ngêncêngi | samôngsa pêdhot puniku | oyod pating karêncang | pira bote malah nora nganggo junjung | malêsat binêktèng toya | kaline jurang anggawing ||

20. sayêkti abot pucuknya | kayu iku kèh kacêlub ing warih | kêdhik kang nèng dharat iku | yêkti balik kewala | yèn wus tatas oyode jomplang puniku | pucuke kang anèng ngandhap | nuli bongkot jêbul nginggil ||

21. sang banthèng sampun kaduga | duk miyarsa pangucape si kancil | alon ing pamuwusipun | kancil ingsun sumôngga | sarèhira pan ingsun darma lumaku | apa ing sarêmbugira | nurut bae awak mami ||

22. saksana sami lumampah | banthèng lawung kancil kang anèng ngarsi | prapta wau prênahipun |

--- 93 ---

bajul kang kawlasarsa | pêgat-pêgat si bajul pamuwusipun | angulung nangis sêsambat | adhuh mitraningsun kancil ||

23. kayaparan karsanira | denirarsa têtulung maring mami | si kancil alon amuwus | hèh bajul aja susah | dèn piyandêl marang kang amurbèng tuwuh | manawa dadi jalaran | iki pawongmitra mami ||

24. yèn sarta karsanira sang | murbèng urip yêkti sira basuki | marga saking banthèng lawung | atulung marang sira | mung wêkasku lah bajul-bajul dèn emut | yèn sira manggih waluya | sira agawea bêcik ||

25. maring samaning tumitah | lawan aja ngalani kang wus bêcik | kang bêciki mring sirèku | liwat saking duraka | yèn wong lali maring kabêcikan iku | uripe praptèng dêlahan | sayêkti nêmu tan bêcik ||

26. sor nistha badane rusak | dèn pêpurak jêr nora wruh ing bêcik | kèsi-èsi ing tumuwuh | wuwuh alaning badan | badan iki ya bajul darma lumaku | ugêr-ugêr anèng manah | laku lêlakoning urip ||

27. tinêmu badane samya | sapa karya êsak sirik kasarik | sapa rusuh nêmu ewuh | tur papa kajantaka | murang tata kasurang-surang kalurung | lurung jêmbar kudu nasak | garumbul kang dèn margani ||

28. yêkti badanipun rusak | kasarimpêd rêrêgêding wanadri | yèn kang gêlêm anut lurung | yêkti nora kasrakat | pan lêstari ngalor atanapi ngidul | laku lêlakoning

--- 94 ---

badan | gampange kalih prakawis ||

29. êndi kang winastan ala | sira bajul aja gêlêm nindaki | yêkti manggih arubiru | dene kang saprakara | kabêcikan kautamaning tumuwuh | dèn sarêgêp lakonana | hèh bajul-bajul dèn eling ||

30. sira bajul aris ngucap | bênêr kabèh kancil tuturirèki | ingkang kaya awak ingsun | lah kaya priye mana | yèn duwea cipta ala mring sirèku | miwah mring si banthèng ika | sayêkti nuli kasarik ||

31. mandah ta dening duraka | ngumbuk-umbuk kang kaya awak mami | mung apa wêwalês ingsun | mring sira miwah lawan | pawongmitraningsun ya si banthèng lawung | iku bae ciptaningwang | nora nana malih-malih ||

32. tur ta durung kalampahan | pitulungmu miwah mitramu yêkti | ya iku si banthèng lawung | parandene tyas ingwang | wus mêngkono sarta adhêm atiningsun | aningali banthèng ika | miwah marang sira kancil ||

33. banthèng anambungi sabda | sokur lamun karêp panggawe bêcik | iya gêlêm ingsun tulung | bajul marang ing sira | yèn wus mantêp jangjinira marang ingsun | si bajul ngucap mlasarsa | dhuh banjèngbanthèng. aja kuwatir ||

34. ora-orane wak ingwang | yèn gawea ala marang sirèki | bêcik apane tinêmu | mau wis erang-erang | akèh kêdhik si kancil pituturipun | maring ngong sun rasa-rasa | bênêr datan ana sisip ||

35. enggar tyasira miyarsa | sira banthèbanthèng.

--- 95 ---

lawung awlas ningali | sigra mangkrak krodha ngiwung | bêkos netra ngatirah | molar-malir angajrihi yèn dinulu | garumbul sirna tinunjang | sigra dènya anggambuli ||

36. oyoding kayu punika | sirna rantas siji tan ana kari | malêsat kang kayu kombul | anglir dèn undha singat | lir kinêbur jumêgur tiba ing kêdhung | prakampita iwak molah | kagyat saisining warih ||

37. ana saking tigang dhêpa | palêsating kayu saking gonèki | suka manahnya si bajul | nanging sarira lupa | labêt saking sangêt katindhihan kayu | kancil wus dangu prayitna | munggah gumuk dhandhanggêndhis ||

12. Dhandhanggula

1. sira bajul pangucape manis | adhuh banthèng pawongmitraningwang | apa kang sun walêsake | luware awak ingsun | saking papa antara pati | mèh bae ingsun pêjah | aja na sirèku | atêtulung raganingwang | miwah kancil gadarenane abêcik | rèhning apawongmitra ||

2. banthèng lawung aja tanggung ugi | gawe bêcik marang raganingwang | lah atêrêna sun kiye | maring sajroning banyu | ingsun nora bisa lumaris | rêmpu badan sadaya | katindhihan kayu | lupa lêsune kalintang | kaya rêmuk balung kadya dèn lolosi | awak katiban wrêksa ||

3. sira banthèng kewuhan ing galih | amiyarsa si bajul mangkana | mêlang-mêlang wardayane | banthèng lawung amuwus | kayaparan puniki kancil | bajul bangêt kalaran |

--- 96 ---

jaluk gendhong ingsun | kon ngatêr lêbuning toya | sira kancil alon pangucapirèki | ya banthèng atêrêna ||

4. maring banyu mêsakakên ugi | ingsun dhingin angrungu wirayat | sabangêtane larane | lamun bajul puniku | pêsthi waras kaclub ing warih | sigra banthèng marêpak | mêndhak ngarsanipun | sira bajul nunggang sigra | ing gigire si banthèng nguthapêl aglis | bajul anèng gendhongan ||

5. sarwi ngêkêp pêpunuking sapi | sira bajul wus angarah-arah | yèn praptaa ing banyune | badhe anyaut punuk | punuk banthèng dèn pangarahi | kumêcêre kalintang | bajul dulu punuk | kaya nuli dèn untala | alon ngucap lah banthèng angkatên nuli | ingsun maring gon toya ||

6. nulya ngadêg si banthèng lumaris | gendhong bajul nora anggraita | dèn pangarahi punuke | sapraptanirèng banyu | watês dêkung si banthèng angling | bajul sira mudhuna | wus anèng jro banyu | abotmu kaliwat-liwat | jaluk gendhong ngong iki kêsêl kapati | mêntas andhungkar wrêksa ||

7. mêngko wuwuh anggendhong sirèki | wuwuh kêsêl wuwuh sayah ingwang | mulane mudhuna age | sira bajul sumaur | tanggung têmên sira puniki | bok dèn rada marana | jêro banyunipun | anurut banthèng lumampah | watês dhadha mojar wus jêro puniki | age bajul mudhuna ||

8. sira bajul ngucap ngasih-asih |

--- 97 ---

kurang thithik dirada marana | ika kang jêro banyune | banthèng sumaur bêkus | basakêna sira puniki | ngadi-adi kaliwat | wong uwis tinulung | mêngko wuwuh nèng gendhongan | kinèn gawa mring banyu ingsun lakoni | tan gêlêm mudhun sira ||

9. sêlak sayah lawan ingsun wêdi | maring kêdhung pêsthi gulagêpan | ujêr dudu sêsabane | lan maras atiningsun | bok kasilêp tan wande mati | nora atêpa-têpa | kang kaya sirèku | pae ingkang kaya sira | kakèkira ninèkira bajul sami | sira anaking baya ||

10. buyut canggah udhêg-udhêgnèki | nora susah sabane ing toya | wus kaprah ujêr wismane | bajul anèng jro banyu | sira bajul angucap malih | ngasihasih mlasarsa | adhuh mitraningsun | aja ta kaduk atômpa | saking dene laraning sarira mami | nora bisa gulawat ||

11. rapuh bangêt banthèng lagi iki | ana thithik sêgêre kang awak | tan saking ngadi-adine | ya ta wau kawuwus | sira kancil maras ningali | maring banthèng lan baya | bok tan sarjwèng kayun | eman kalih-kalihira | wong mitrane yèn tan sarjuwa ing galih | gawe susahing driya ||

12. baya banthèng lawung anuruti | gya lumampah manêngah ing toya | watês gulune si banthèng | ngucap mudhuna gupuh | sêlak sayah abot kapati | anggendhong marang sira | tan bisa lumaku | iki ingsun nora jajag |

--- 98 ---

gulagêpan sira tan arsa ngudhuni | lah dèn age mudhuna ||

13. sira bajul pangucape bêngis | daya-daya yèn ingsun galêmagêlêma. | mudhun saking gendhongane | ana kang ingsun jaluk | punukira banthèng puniki | sira dèn lêgalila | punukmu sun jaluk | mandah dening gurih mana | punuk iki arêpku kapati-pati | dhasar kaluwèn ingwang ||

14. awèh tan awèh sun jaluk iki | iya banthèng dèn alêgalila | punukira sun caploke | dimène iki wuwuh | ing sêgêre sarira mami | yèn sira tan ngulungna | iya ing punukmu | nora wande ngong wasesa | kalah apa ingsun anèng jroning warih | payo tandhing ayuda ||

15. sira banthèng lawung duk miyarsi | ing ujare si bajul mangkono | têka anglês wardayane | mênêng tan bisa muwus | ngrasa lamun manggih bilai | cipta tan wande pêjah | wasana amuwus | lah bajul aja mangkana | bok dèn eling sira mau mèh ngêmasi | yèn aja naaana. ingwang ||

16. kang têtulung marang sira ugi | yêkti mati katindhihan wrêksa | ingsun kang ngungkil kayune | mulane sira wurung | têkèng pati ngong kang nulungi | ing mêngko sira arsa | matèni maringsun | lah ta bok dèn eling mana | binêcikan uwis nora malês bêcik | têmah ambalang tinja ||

17. bêcik têmên bajul sira iki | apa tan ngrasa yèn binêcikan | lagi sapira suwene | mau duk arsa lampus | sambat-sambat anjaluk urip |

--- 99 ---

akèh prasêtyanira | ing mêngko sirèku | luwar saking pôncabaya | sambat lêsu lupa sariranirèki | akon ngatêr mring toya ||

18. jaluk gendhong iya sun lakoni | rèhning ingsun asih akêkadang | ing awal praptèng akire | tulusa atutruntut | aywa na kang sawalèng kapti | sokur kalamun sira | malês sih maringsun | abangêt tarimaningwang | yèn tan ana ala apanggawe bêcik | rèhning urip punika ||

19. datan ana alanipun ugi | wong akarya mangun kabêcikan | ing têmbe ana pedahe | apa tataning bajul | binêcikan têka ngalani | lumrahe kang wus kaprah | tan ana kadyèku | ewa mangkana yèn lumrah | gawe bêcik winalês binalang tai | ya ingsun têka ngalah ||

20. kalahêna paduningsun dhingin | êndi kitabe sun tuduhêna | aja ngamuk punggung bae | bajul sigra sumaur | wus mênênga aja baribin | bok dèn turut kewala | ingsun jaluk punuk | sapuluh silih kapakna | ingsun bangêt kumêcêr liwat kapengin | andulu punukira ||

21. bangêt têmên lêmune anggajih | kaya nuli sun caplok-caploka | dulu punukira kiye | mandah ta gurihipun | yèn sidaa sira lilani | anyaplok punukira | baya enak-enuk | aja tanggung asêsanak | sira banthèng turutên luwih prayogi | sun nyaplok punukira ||

22. banthèng lawung saure aririh | dudu padu bajul karêpira |

--- 100 ---

kudu nyaplok punuk bae | sapa awèh puniku | punuk siji dèn êmi-êmi | dene gênêp papat |Kurang satu suku kata: dene gênêpa papat. ana pantêsipun | jaluk siji tan ngapaa | yèn wus bênêr ing kukum ingsun lakoni | rèhning bênêr punika ||

23. alam Nabi Adam sapariki | durung owah ing pangrunguningwang | wong gawe kabêcikane | sayêkti nêmu luhung | nora nana binalang tai | lagi bajul mung sira | tan kaprah kalangkung | lah ta iya ngêndi ana | binêcikan kudu malês angalani | yèn wêruha mangkana ||

24. nora niyat atêtulung mami | sukur sira ing mau modara | katindhihan ing kayune | bajul malih sumaur | wus lumrahe wong gawe becik | puniku ingalanan | yèn pangawruh ingsun | arang kaya ujarira | gawe bêcik nuli malês ambêciki | marang kang binêcikan ||

25. arang-arang yèn wong dèn bêciki | nuli amalês ing kabêcikan | akèh kang balang taine | sanadyan ana iku | wêwangsule kang ambêciki | mêtu dêdalan liya | iku kaprahipun | ingsun angrungu wirayat | iya saking caritane para nabi | besuk nabi wêkasan ||

26. nênêm sagung ingkang para nabi | kang rumiyin iya Nabi Adam | Nabi Ênuh kapindhone | dene ping tiganipun | Nabi Musa Kalamullahi | kaping pat Nabi Ngisa | kaping limanipun | Nabi Brahim Khalilullah | kaping nême Nabi Mukamad mêkasi | ya Kangjêng Rasullullah ||

--- 101 ---

27. sasedane nayakaning bumi | nabi panutup ingsun miyarsa | rikala arsa maphadewaphade. | malekat ping sapuluh | sadinèku dènya nêdhaki | andhawuhkên timbalan | maring KajêngKangjêng. Rasul | dhawuhnya ingkang sapisan | Sang Hyang Luhur amundhut ingkuding bumi | nabi matur sumôngga ||

28. nulya dhawuhnya kang kaping kalih | mundhut cidraning wong sasêmayan | dene kang kaping tigane | malekat têdhakipun | pan amundhut sudanirèki | sagung ingkang wowohan | ing alam donyèku | dene dhawuhe kaping pat | kang pinundhut suda bêrkating bumi |Kurang satu suku kata: kang pinundhut sudaa bêrkating bumi. sabanjure mangkana ||

29. pan sadaya sinuda prasami | besuk sabakdaning Rasulullah | ing jaman akhir wastane | kabèh ngalam donyèku | saisine sinuda sami | tan ana kaliwatan | myang manusanipun | kabêcikane sinuda | katêmênan iya sinuda prasami | besuk akhiring jaman ||

30. dhêlêg-dhêlêg banthèng duk miyarsi | nora bisa mangsuli wacana | banthèng dangu panjêtunge | nulya ana kadulu | takir ponthang kang saking nginggil | kèli dupi kapêdhak | si banthèng amuwus | lah takir ponthang mandhêga | ingsun arsa jaluk bênêr ing sirèki | ngong gawe kabêcikan ||

31. iya maring si bajul puniki | kang sun gendhong maune si baya | kurang sathithik jidênge | pan karubuhan kayu | kêmpis-kêmpis akon nulungi | wasana ingsun wêlas | nuli ngong kang

--- 102 ---

tulung | kayu sirna ngong barengkal | wusnya luwar si bajul saking bilai | mlasasih ngroning kamal ||

13. Sinom

1. si bajul asambat-sambat | maringsun angasih-asih | luwih lêsuning sarira | balunge lir dèn lolosi | akon ngatêr mring kali | anjaluk gendhong ngong turut | ing mangke praptèng toya | bajul arsa mangarahi | jaluk punuk panjaluke amisesa ||

2. lah iku ing purwanira | kayaparan bênêrnèki | takir ponthang ukumana | kayapa karsamu mangkin | takir ponthang nauri | banthèng nora bisa ingsun | ingsun tutur kewala | lêlakone awak mami | ingsun iki kalangkung dèn êma-êma ||

3. sadurunge kanggwèng karya | kalintang dèn gumatèni | kalangkung sinungga-sungga | ingkang kaya awak mami | nuli ingsun kinardi | iya wadhah pindhang duduh | kinarya ngirim donga | kalangkung dèn aji-aji | anèng bale kêlasane padha anyar ||

4. tinutup saji karangan | wong sadesa angubêngi | kinêpung-kêpung akapang | nulya lêbe andongani | sawuse mangan nuli | nulya binarêkat ingsun | marang ki lêbe lurah | nèng wisma sinèlèh ririh | tan antara barêkate pinindhonan ||

5. mring kiyai lêbe lurah | barêkate sirna ênting | kasusu pamanganira | anak bojonira sami | tan nganggo dèn ngèngèhi | gêgadhingan pulukipun | sawusira amangan | takir godhong dèn rangkudi |

--- 103 ---

nuli ingsun binuwang pinggir bêngawan ||

6. sira kyai lêbe lurah | pangunandikaning galih | maksih sumêlang tyasira | manawa kêna ing titik | cêngkelak nuli bali | anyepak-nyepak maringsun | malêsat ingsun tiba | kèli bêngawan puniki | mung puniku banthèng lawung tutur ingwang ||

7. si bajul suka kalintang | myarsa turing ponthang kèli | asru ing pangucapira | lah ta ingsun sida iki | anggayêm ati sapi | enak-enuk nyaplok punuk | dene iku si ponthang | nora beda lawan mami | wus bênêr ingsun nyaplok punukira ||Kurang satu suku kata: uwus bênêr ingsun nyaplok punukira.

8. banthèng lawung saurira | lah aja bajul puniki | ana ta kukusan bubrah | tur amoh kèli ing kali | ingsun têtakon dhingin | kaya ngapa bênêripun | bajul sêndhu wacana | bok aja kakehan pikir | sêlak arêp sun caploke punukira ||

9. banthèng sigra atêtanya | kukusan amoh sun iki | jaluk bênêr marang sira | ingsun iki dèn apusi | maring si bajul iki | wus tinutur purwanipun | kukusan amoh ngucap | ingsun tan bisa bênêri | tutur bae banthèng ingsun marang sira ||

10. lêlakone awak ingwang | kalane anyar sun iki | kalangkung dèn êla-êla | mring manusa awak mami | pinatut-patut sami | kêkêb anyar dandangipun | iya anyar têmbaga | inganggo adang sun iki | wusnya adang ingsun arêsik ginirah ||

11. nuli pinarnahkên ingwang | dhuwur dinokok [dinoko...]

--- 104 ---

[...k] pênglari | ing mêngko ingsun wus bujad | kèli binuwang ing kali | kerut katut ing warih | tan ana kang sudi mupu | mung iku tutur ingwang | banthèng datan ana malih | asru ngucap si bajul asuka-suka ||

12. lah iku kukusan bujad | nora beda kaya mami | bok iya dèn lêgalila | ingsun caplok punuk iki | sêlak kumêcêr ugi | kadi andulu cêmpaluk | banthèng aris angucap | bajul sarèhêna dhingin | aja gugup dèn sumêne antèkêna ||

13. anulya ana katingal | kêlasa amoh kang kèli | banthèng alon atêtanya | kêlasa mandhêga dhingin | ingsun anjaluk adil | lah bênêrana dèn gupuh | kêlasa amoh ngucap | kayapa purwane nguni | banthèng tutur sasolahira sadaya ||

14. kêlasa amoh saurnya | ngong datan bisa bênêri | banthèng ngong tutur kewala | lêlakone awak mami | kala anyar sun iki | amukti kinarya turu | iya maring manusa | sabên sore dèn têbahi | mêngko amoh tan ana sudi kanggonan ||

15. binuwang sinikang-sikang | kabur iki tibèng kali | kèli nut ilining toya | nora nana kang nyandhangi | banthèng tan ana malih | mung puniku tutur ingsun | bajul suka miyarsa | lah dalah tan wande mami | nyaplok punuk mring ngêndi pangungsènira ||

16. lah ta banthèng ngêndi baya | pangungsènira tan olih | kari rêbut babênêran | kêlasa amoh puniki |

--- 105 ---

tan beda lawan mami | nyaplok punuk badhog punuk | môngsa ta sun wurunga | anyaplok punukirèki | sira banthèng bok aja kakehan polah ||

17. nêngêna tan kocapa |Kurang satu suku kata: nêngêna datan kocapa. kang lagya awawan pikir | banthèng lawan bajul ika | gumantya ingkang winarni | kang anèng pinggir kali | si kancil sigra lumayu | ngulati mitranira | si kidang sampun kapanggih | duk anjêrum soring kayu kêndhayakan ||

18. eca gayêmi si kidang | kagyat praptanira kancil | ambêkane akêsotan | si kidang anyapa aris | kancil apa karyèki | dene asigra lakumu | kancil lon saurira | dhuh kidang wong mitra mami | liwat pêrlu kidang iki lakuningwang ||

19. iya anêmu prakara | ana pawongmitra mami | banthèng lawung dèn sikara | iya maring bajul drêngki | tinutur sadayèki | purwa madya wasanèku | tan ana kaliwatan | si kancil sarwi bêbisik | marang sira si kidang sampun kaduga ||

20. alon ing panabdanira | lah kancil kayapa mangkin | dènirarsa têtulunga | mring pawongmitranirèki | banthèng kang dèn apusi | mring si bajul anak bajul | kaki ninèkne baya | buyut canggah bajul baring | kancil ngucap dhuh kidang nora kaduga ||

21. ya môngsabodhoa sira | ingsun pracayèng sirèki | kurang apa sira kidang | ing pikir nora mancèni | kidang sumaur aris | kancil lamun sira rêmbug | lah ingsun tuduhêna |

--- 106 ---

ênggone si bajul baring | tudingana saking kadohan kewala ||

22. sira aja angatingal | manawa anjêjarohi | mêngko ingsun gawe gêlar | nora kasompokên mami | kancil sumaur aris | saksana samya lumaku | si kancil lan si kidang | gêgunêman turut margi | sampun prapta anèng pinggiring bêngawan ||

23. si kancil sampun atêdah | sigra dènira andhêlik | kawarnaa sira kidang | apêpincangan lumaris | tumurun saking wukir | lampahira api tan wruh | lajêng anginum toya | si banthèng anyapa aris | hèh ta kidang sukur sira iku prapta ||

24. ingsun iki dèn sikara | mring si bajul dèn apusi | jênggirat kagyat si kidang | api-api tan udani | lah kayaparan ugi | wêcakna ingkang satuhu | wit mulabukanira | manawa sira kang sisip | sira banthèng alon nauri wacana ||

25. lah kidang piyarsakêna | ngong tutur kalaning nguni | si bajul apan mèh pêjah | anèng sapinggiring kali | pijêr pringas-apringis | sêsambate amlasayun | nuli si kancil prapta | nora bisa anulungi | kancil sigra ngulati mring sun kapanggya ||

26. wuwusing kancil mangkana | iya banthèng ingsun iki | têtêmu kalawan sira | duwe pawongmitra mami | bajul manggih bilai | iya karubuhan kayu | sira atêtulunga | rèhning pawongsanak bêcik | nuli ingsun marani gone si baya ||

27. kathah

--- 107 ---

prasêtya pangêbang | ujare ya malês bêcik | si bajul anaking baya | ing mêngko têka nyidrani | tan kêna dèn sambati | anggung gawe kudu nyapluk | akale bajul edan | tan wêruh ing ala bêcik | kidang ngucap bênêr karêpe si baya ||

28. si kidang anulya milar | têlangkas awira-wiri | têtêgar pinggir bêngawan | ngalor ngidul ngetan sarwi | suku nyandhung-nyandhungi | nyampar tunggaking sênggugu | kidang kèndêl sakêdhap | manthuk-manthuk asung wangsit | mring si banthèng si banthèng nora graita ||

29. malah anglês manahira | cipta nora wurung mati | banthèng wus pasrah ing Suksma | si bajul suka kapati | anulya kidang angling | puluh gêdhe-gêdhe busuk | sanadyan sungu ranggah | si banthèng lawung puniki | busuk têmên si banthèng nora wiweka ||

30. nora nganggo duga-duga | dudu omah ing jro warih | yêkti nganggo sawatara | saka dugane ing ati | nora kaya sirèki | banthèng lawung malbèng kêdhung | sayêkti gulagêpan | seje lan si bajul iki | enak bae jêr iku wismaning toya ||

31. kidang malih milar-milar | atêtêgar wira-wiri | ana kayu cangkring ika | salêngên gênge tan luwih | satêngah dhêpa nênggih | panjanging kayu puniku | sinudhangsinundhang (dan di tempat lain). kapalêsat | saking lor sinundhang malih | kayu cangkring ngalor ngidul kapalêsat ||

32. sinudhang dening si kidang | nulya winangsulkên malih | cangkring panggonane lama |

--- 108 ---

kidang sarwi ngucap aris | cangkring balia malih | panggonan lama puniku | ingsun tan munasika | kidang sarwi asung wangsit | mring si banthèng si banthèng nora graita ||

33. manthuk-manthuk sira kidang | dènira amêmangsiti | mangkana karêping kidang | mulane ingsun puniki | tatêgar wira-wiri | nyandhung tunggak sênggugu |Kurang satu suku kata: anyandhung tunggak sênggugu. gugunên banthèng uga | ing sapolah tingkah mami | graitanên ing sapolah tingkah ingwang ||

34. nulya malih sun sasmita | ana ingkang kayu cangkring | anèng gêgisik gumlethak | ngong sudhangi sungu kalih | cangkring malêsat têbih | nuli ngong balèkkên gupuh | ing panggonane lama | banthèng busukmu kapati | nora wêruh ing sêsêmu pêpucungan ||

14. Pocung

1. banthèng lawung paran iki sêmunipun | sira wus akarya | kautaman amrih bêcik | mring si bajul bajul nora anarima ||

2. iya kudu angalani karêpipun | nora ngrasa pisan | yèn maune mèh ngêmasi | kurang thithik modar katindhihan wrêksa ||

3. ywa na iku si banthèng kang ngungkil kayu | tan wande pralaya | si bajul mati kapipit | dening wrêksa mati patine duraka ||

4. têgêsipun iya si bajul puniku | liwat datan arsa | maring kabêcikanèki | ya si banthèng bênêre iku ngulihna ||

5. mring gonipun lami katindhihan kayu | si bajul punika | dokokna ngênggone nguni | nuli gigiripun tindhihana wrêksa ||

6. kèndêl dangu si

--- 109 ---

kidang arangu-rangu | nèng pinggir bêngawan | si banthèng nora nampani | sêmunira si kidang awlas tumingal ||

7. tyase kaku si kidang osik ing kalbu | puluh-puluh iya | si banthèng sêmpuging galih | nora pasah binalang sêmu kewala ||

8. mêlasayun si banthèng ika sun dulu | karya kabêcikan | mêngko arsa dèn alani | wênang ingsun têtulung kinaniaya ||

9. dadya muwus si kidang wacana arum | hèh wong mitraningwang | si banthèng anjaluk adil | durung lila punuk arsa dèn caploka ||

10. mring si bajul mulane tan awèh ingsun | durung kabênêran | pradongdi salayèng budi | maksih gèsèh pikire durung anunggal ||

11. yèn wus kumpul ing rêmbug saekakayun | nora ting balêsar | pama mangetan lumaris | jinujul mangulon môngsa kapanggiha ||

12. wong mangidul wasana ngalor kang jujul | yêkti tan kapanggya | mangkono pamanirèki | gampang bae yèn ingsun kang bênêrana ||

13. lawan bajul sira pawongmitraningsun | yèn sira pracaya | iya maring awak mami | lah turutên rêmbugku ingkang prayoga ||

14. sira bajul yêkti sida nyaplok punuk | yèn wus môngsakala | pètên lilane lêstari | iya ingsun kang nibani bêbênêran ||

15. nora kekuk dadi gampang nyaplok punuk | ingsun kang minôngka | jêksane ambêbênêri | miwah [mi...]

--- 110 ---

[...wah] banthèng karone lamun pracaya ||

16. bajul muwus iya kidang ingsun turut | yèn bênêranira | kidang kaya karêp mami | karsaningsun nyaplok punuking andaka ||

17. kidang muwus aja susah sira bajul | yêkti lamun sida | sira nguntal punuk sapi | lamun sarta karsane kang murbèng jagad ||

18. sira bajul malih alon wuwusipun | ya ingsun pracaya | kidang sakarsanirèki | lah dèn enggal kidang nuli bênêrana ||

19. atiningsun kasusu kudu anyapluk | mandah gurih mana | punuke si banthèng iki | sira kidang nauri sukur mangkana ||

20. kidang wau alon ing pangucapipun | lah banthèng dèn enggal | si bajul angkatên nuli | ulihêna gawanên marang dharatan ||

21. kadya wau aja owah tatanipun | tirunên sadaya | yèn wus praptèng dharat mangkin | bajul nuli sèlèhna ênggone lama ||

22. bajul iku mujur ngêndi kalanipun | katindhihan wrêksa | tirunên kaya kang dhingin | lamun uwis bajul sumèlèh ing lêmah ||

23. nulya wau kalanira dhungkar kayu | iku tirokêna | sakôntha-kanthane nguni | rikalane sira têtulung si baya ||

24. lamun uwus têtela ngong nora ewuh | gawe bêbênêran | anibakkên kukum adil | sigra mangkat si banthèng anggendhong baya ||

25. sawusipun banthèng mêntas saking banyu | praptaning dharatan | gêgisik [gê...]

--- 111 ---

[...gisik] prênahing nguni | duk sangsaya si bajul katiban wrêksa ||

26. kinèn mudhun si bajul sigra tumurun | saking gêgendhongan | anglungsar gonira lami | datan owah bajul ing panglugurira ||

27. minggah gupuh si banthèng maring pêpundhung | gon oyoding wrêksa | kalane banthèng gambuli | anggêgambul si banthèng prênahe lama ||

28. gya malêncut kidang minggah ing pêpundhung | sapraptaning kana | kidang pangucape aris | lah ta bajul apa wus bênêr mangkana ||

29. awitipun kalanira nêmu ewuh | si bajul angucap | iya kidang datan sisip | pan mêngkene mau solah nyatanira ||

30. lah dèn gupuh kidang trapêna adilmu | nuli kalakona | ingsun nyaplok punuk sapi | wus prayitna si kidang alon angucap ||

31. iya bajul mangkene bênêran ingsun | agampang kewala | gigirira iku nuli | wus anglugur banyburbanjur. tindhihana wrêksa ||

32. dimèn lampus patimu katiban kayu | kaya mau ika | si banthèng aja nulungi | pan mêngkono bajul babênêraningwang ||

33. de sirèku arsa mêmangan puniku | marang pêpunuknya | si banthèng lawung puniki | ya tarinên dhewe si banthèng yèn suka ||

34. yèn tan asung tan wênang pinêksa iku | iya sasukanya | punuk-punuke pribadi | sapa lila wong dêduwe dèn rêrusak ||

35. nadyan punuk ujêr punuk dadi patut | lamun [lamu...]

--- 112 ---

[...n] dèn longana | punuke si banthèng iki | pêsthi krowak awake anêmu lara ||

36. punukipun yèn cinaploka puniku | angowahkên sipat | suda kabagusannèki | bênêr lamun iku si banthèng tan lila ||

37. jêr sirèku bajul ingkang luwih luput | tan têpa sarira | tan kaprah karêpirèki | anjêjaluk tan nganggo duga watara ||

38. sira bajul nauri wacana sêndhu | si kidang têlangkas | sira bisa ngapus krami | saguhira angadili dadi jêksa ||

39. têmahipun ingsun kacêlik sirèku | tan bisa ngalahna | padune si banthèng julig | dene mau saguhmu kaya-kayaa ||

40. mau-mau yèn awèha wus sun capluk | si banthèng punika | punuke dangu sun rintih | durung lêga banthèng duk anèng jro toya ||

41. nadyan iku ingsun amisesa purun | yèn anèng jro toya | sira ingkang jêjaruhi | mêngko dadak kinon mêntas ing dharatan ||

42. sira tuhu kidang bisa angapus-apus |Lebih satu suku kata: sira tuhu kidang bisa ngapus-apus. nyênyuwani manah | yèn aja ana sirèki | wus sun untal punuke banthèng punika ||

43. alon muwus si kidang lah iya bajul | pan si banthèng ana | caplokên yèn sira wani | sira kidang alon malih wuwusira ||

44. banthèng lawung payo lungaa dèn gupuh | lawan kancil sira | angladèni bajul baring | andalêming panjaluke nora kaprah ||

45. mangkat gupuh kancil kidang anèng [a...]

--- 113 ---

[...nèng] ngayun | banthèng anèng wuntat | jagani pakewuh wuri | bêkas-bêkus anjênggirat nolih wuntat ||

15. Pangkur

1. ya ta kang lumakwèng wuntat | anggêgambul bêkos agobag-gabig | banthèng liwung krodha ngiwung | kang rawe-rawe rantas | siwat siwut kayu rungkad dadi umbul | dêringakan ngungak-ungak | solahe anggêgirisi ||

2. bajul anututi mêntas | nguwuh-uwuh kidang mandhêga dhingin | lah ta êndi bênêramu | yèn sira nora bisa | ambênêri sira ingkang dadi liru | nora wande sun kalêthak | êndhasmu ngong untal nuli ||

3. kidang anauri sabda | iya bajul besuk untalên mami | yèn wus praptèng mangsanipun | sarta karsaning Suksma | yèn tan saking karsane kang murbèng tuwuh | mati maning yèn gêlêma | tuwa kaduwung sun iki ||

4. dene iki karsaningwang | amêmisah aywa na kang pradondi | banthèng lawan sira bajul | ing mêngko wus kapisah | luwih kono karsanira rêbut udur | sok uga padha lêgaa | ingsun nora angawruhi ||

5. banthèng gya bali cangkelak | krodha ngiwung sarya sru dènirangling | hèh bajul anaking bajul | bajul putuning baya | buyut bajul canggah warèngira bajul | dhikdhustha gêlahing jagad | payo atandhing ing jurit ||

6. ing dharat padha prawira | singa tiwas yêkti nêmahi pati | bajul agiris lumayu | sigra malêbwèng toya | langkung miris bajul [baju...]

--- 114 ---

[...l] dulu banthèng lawung | sira banthèng wangsul sigra | katiga dulur lumaris ||

7. banthèng lawung kancil kidang | lampahira gunêman urut margi | banthèng tansah munggèng pungkur | jaga ewuh ing marga | sira kidang samarga-marga pitutur | si banthèng langkung narima | lulus prasamya basuki ||

8. rakêt dènya pawongmitra | sira kidang sêsanak lawan kancil | miwah sira banthèng lawung | katri saeka tunggal | rakêt sami dènira pawongsadulur | banthèng lawung kancil kidang | tan ana sawiji-wiji ||

9. kunêng gantya kang winarna | ana rikang prihatin anglangkungi | pêksi branjangan ranipun | jalu lawan wanodya | liwat saking prihatin susah kalangkung | kang dadya susahing driya | dening anakira katri ||

10. kang nusuh anèng pagagan | sira pêksi branjangan jalu èstri | kang èstri ngucap wêtu luh | lah kaya paranbaya | budinira wong lanang iki tan wurung | gaga ingkang sinusuhan | iki uwis dèn sawèni ||

11. bakal dèn wiwiti enjang | anak ingsun lagya sumuri-suri | durung ana bisa mabur | ingsun tan bisa gawa | nora wande mati anak ngong katêlu | kèlês pinidak ing janma | dhuh paran budinirèki ||

12. pêksi bêranjangan lanang | alon wuwusira angasih-asih | dhuh mas mirah garwaningsun | sira woding wardaya | aywa kathah prihatinira mas ingsun | iya karia sadhela | ngong lunga ngupaya pikir ||

13. kang èstri ngucap

--- 115 ---

mlasarsa | angrêrintih iya lungaa dhingin | nanging aja dangu-dangu | ingsun maras kaliwat | pêksi jalu nauri wacana arum | dhuh atma juwitaningwang | iya ingsun nuli mulih ||

14. pamit sigra dènya mêsat | angambara ngambah ing wiyati |Kurang satu suku kata: angambara angambah ing wiyati. sira bêranjangan jalu | nênêdha mring Hyang Suksma | hèh ya Allah kawula anêdha tulung | tulungên anak kawula | kang lagya sumuri-suri ||

15. sêsambate amlasarsa | pêksi jalu kunêng gantya winarni | nênggih kang anèng pêpundhung | anjêrum sêsarean | anggayêmi kidang ing sadangunipun | eca ing tyasira kidang | anèng ngadhaping waringin ||

16. ya ta ingkang alêlampah | akêkêjêr anèng nginggil waringin | pêksi branjangan andulu | kidang kang sêsarean | sigra pêksi branjangan maniyup mudhun | prapta ngarsanira kidang | si kidang anyapa aris ||

17. apa ana karyanira | sira pêksi agupuh sun tingali | bêranjangan sauripun | bênêr panarkanira | iya kidang liwat gati lakuningsun | ingsun bangêt kasusahan | lan sarayat anak rabi ||

18. si kidang aris têtanya | kayaparan wit mulane prihatin | pêksi branjangan amuwus | ingsun lan rabiningwang | nusuh anèng têngah pagagan puniku | duk lagya apêpasihan | liwat sukane kang galih ||

19. nuli ngêndhog ingangrêman | wusnya nêtês pari kasêlak kuning | durung tuwa anak ingsun | katri tan bisa

--- 116 ---

lunga | lagya wayah sumuri-suri puniku | ingsun nora bisa gawa | iku susahe tyas mami ||

20. parine wus sinawenan | iya besuk-esuk dipun wiwiti | gaga ing pamugutipun | tan wande anak ingwang | mati kèlês kapidak ing manusèku | alon saure si kidang | bisa apa ingsun pêksi ||

21. sira jaluk tulung ringwang | kayaparan gon ingsun anulungi | nora duwe akal ingsun | pêksi malih angucap | môngsaborong ingsun pracaya kalangkung | iya maring pakênira | ingsun wus tega kapati ||

22. môngsa ta kuranga nalar | sira kidang undhagi manah wêgig | ingsun apan wus angrungu | mau duk anèng marga | sira kancil agunêm lan banthèng lawung | si banthèng mèh kapracondhang | yèn aja ana sirèki ||

23. kang têtulung duwe akal | nora wande banthèng mati nèng warih | sinaut maring si bajul | kidang malih angucap | lah ta pêksi bêranjangan yèn sirèku | têmên ngaku pawongmitra | iya maring awak mami ||

24. pirabara ingsun bisa | anulungi marang sira sang pêksi | dèn pracaya sira manuk | mring sang amurbèng gêsang | andêlêna besuk-esuk ingsun rawuh | yèn sarta karsaning Suksma | ingsun tulung mring sirèki ||

25. wus pêksi nuli muliha | bok dèn anti marang rabinirèki | ingkang bangêt ngayun-ayun | rabinira nèng wisma | sira pêksi nauri wacana arum | dhuh kidang kadangku lanang | têlangkas [têlang...]

--- 117 ---

[...kas] sun arsi-arsi ||

26. ing besuk pitulungira | sira kidang pamuwusira aris | iya aja susah manuk | besuk ngong nuli prapta | nulya pamit pêksi branjangan wus mabur | tan cinatur lampahira | sira bêranjangan prapti ||

27. têtanya pêksi wanodya | lampahira apa ta antuk kardi | angling ingkang pêksi jalu | dhuh mirah garwaningwang | aja susah kaya yèn olèh pitulung | ngong minta sraya si kidang | saguh besuk-esuk prapti ||

28. si kidang luwih prawira | sugih akal tatag tau ngêntasi | ing prakara gampang ewuh | pakewuh tan kewuhan | si kidang undhagi angên-angênipun | basuki ing basa bisa | si kidang atine bêcik ||

29. nulya suruping raditya | punang pêksi branjangan jalu èstri | agunêm tan bisa turu | ya ta kawarna enjang | byar raina ingkang duwe gaga rawuh | sasanakira ginawa | tuwa anom gêdhe cilik ||

30. wus samya praptèng pagagan | para wadon kang arsa mugut pari | anggawa saabênipun | sêsajènira pêpak | ingkang lanang anggawa cucukanipun | satangsulipun samêkta | gumêrah swaraning janmi ||

31. bêranjangan duk miyarsa | jalu èstri langkung maras ing galih | dangu dènya ngayun-ayun | mring mitranya si kidang | apa cidra dene nora nana rawuh | iki kang aduwe gaga | samya prapta jalu èstri ||

32. dènyarsa amugut gaga | sira kidang suwe tan ana prapti | apa maksih enak turu |

--- 118 ---

lali yèn sasêmayan | apa lagi pasihan lan garwanipun | iya si kidang têlangkas | suwe nora nana prapti ||

33. ya ta ingkang kawarnaa | sira kidang wus dangu amiranti | mangangên-angên tyasipun | sira kidang têlangkas | sigra mêdal si kidang saking garumbul | wong wadon kang tinêrajang | kagyat alok kidang sami ||

34. sira kidang galibêdan | wira-wiri panggonaning pawèstri | si kidang ika dharusul | kagubêd kasêmêkan | sira kidang tinubruk kinabruk tumbu | pawèstri sarya sru ngucap | kidang kêna ngong kurungi ||

35. nulya milar gawa sinjang | kakêmbêne bok rôndha sru katarik | kêmbên ginawa lumayu | katut sunguning kidang | rôndha anom lukar kasêmêkanipun | pambayun sinôngga ngasta | kakêmbêne dèn tututi ||

36. bok rôndha anguman-uman | kidang bancol rada kênèng panyakit | anyêndhal kakêmbên ingsun | kidang dipangan macan | andêladag si kidang kidang dikêpruk | lah biyang mêngko muncula | kidang tan wurung bilai ||

37. gumyak kang samya tumingal | ya ta kidang wus singidan miranti | nulya sagung manusèku | wus rêmbag karsanira | ngêni gaga wiwit pamuguting pantun | sira kidang malih mêdal | saking garumbul tumuli ||

38. marani goning wanodya | anyarunthul kagyat sagung pawèstri | alok kidang kidang tutut | ing kono pêgatanacêgatana. | ana ingkang angabruki sênikipun | miwah kinabruk [kina...]

--- 119 ---

[...bruk] ing tampah | si kidang sangsaya wani ||

39. galibêdan ngeri nganan | kang pawèstri sukanira kapati | sèlèh ani-aninipun | ambutuhakên kidang | pan kinêpung tinubruk-tubruk marucut | anjaluk tulung wong lanang | sigra dènya anulungi ||

40. kidang sigra dènya milar | tinututan sigra sinawat kudhi | kidang kang sinawat luput | wus miranti singidan | ing garumbul ingulatan tan kapangguh | wus tita nora kapêdhak | manusa sadaya bali ||

41. karsanya nutugkên karya | mugut pari kidang anulya bali | pêpincangan lampahipun | dharusul gon wanodya | samya sèlèh ambuwang pamugut pantun | katungkul amburu kidang | rame aloking pawèstri ||

42. kidang lumaku dèn purak | pan wus pincang mau sinawat kudhi | baya kêna sikilipun | iku tandhane pincang | ngalor ngidul si kidang kinêpung-kêpung | cinandhak-candhak malumpat | rame gumuruh parèstri ||

43. sigra samya tinulungan | ing wong priya kidang milar akêsit | anulya samya binujung | yèn adoh ingandhêgan | pêpincangan si kidang lir pincang tuhu | sinarampang pinêgatan | kidang milar anglir thathit ||

44. akêsit wus tan katingal | sira kidang têlangkas wus andhêlik | ingupaya tan kapangguh | mundur kaku tyasira | wayah asar durung ana mugut pantun | rêmbag enjing wangsulira | manusa sadaya mulih ||

45. ing dalu wuwusên enjang |

--- 120 ---

ingkang darbe gaga anulya bali | bêkta anak putunipun | gêgawane samêkta | sajèn-sajèn parabot pamugut pantun | jalu èstri sampun prapta | ing pagagan goning pari ||

46. duk lagya arsa umangkat | mugut pari rame sagung parèstri | kidang wingi ingkang muncul | nyênyiwo ing manusa | kadya wingi kidang ing sasolahipun | sadina-dina mangkana | tan sida angêni pari ||

47. sêsajèn samya pinangan | bubar mulih mundur kasaput wêngi | pijêr buru kidangipun | salamine mangkana | tan cinatur apan sampun pitu dalu | pitung dina laminira | nora sida mugut pari ||

48. pijêr ambêburu kidang | kongsi kêlu pari dèrèng dèn êni | pijêr kidang dèn bêburu | ya ta malih kocapa | sira pêksi bêranjangan kang anusuh | anèng têngahing pagagan | anake wus gambuh sami ||