Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 21-40)

Katalog:Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123
Sambung:
1.Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 01-20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #208.
2.Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 21-40). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #207.
3.Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 41-60). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #766.
4.Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 61-80). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #767.
5.Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 81-97). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #768.

21. Dhandhanggula

1. praptèng praja wau kang lumaris | jumujug ing dalêm kapatihan | kandhêg ing paregolane | ki patih lagya lungguh | lawan garwa imbalan angling | kasaru kang parêkan | alit nêmbah matur | kawula atur uninga | pun patinggi Bramana pepe nèng jawi | amawi pêpabênan ||

2. marma sowan arsa minta adil | ngling apatya sira timbalana | mring byantarèngsun ing kene | gya tinimbalan malbu | praptèng ngarsanira kya patih | Bramana kalihira | alinggih tumungkul | nindya mantri tanpa ngucap | aningali marang Bramana kêkalih | dene kêmbar kang warna ||

3. pinariksa katur solah nguni | purwa madya prapta ing wasana | apatih wismayèng tyase | ngagnya nimbali gupuh | pra nayaka pradata prapti | myang sakathahing jêksa | pêpak anèng ngayun | miwah kang para nayaka | tinimbalan ing ngarsa anindya mantri | Purwanagara nabda ||

4. sanak-sanak andika lêrêsi | pêpadone wong kalih punika | aku-ingaku rabine | pundi ingkang satuhu | ingkang dora sayakti mati | sagung para nayaka | sru kewran tumungkul | tanapi sakwèhning jêksa | datan ana ingkang kaduga mancasi | samyatur nuwun duka ||

5. pra nayaka samya angrêmbagi | lêhêng katura ing sri

--- 97 ---

narendra | pan ratu padhang tingale | benjang ari Somesuk | saosêna sor wringin rakit | Patih Purwanagara | kalangkung jumurung | sampun sami aluwaran | kang sewakèng kapatihan kawarnènjing | praptaning ari Soma ||

6. sri narendra umiyos siniwi | pêpak sagung pratiwa nayaka | satriya prawira andhèr | miwah para tumênggung | dêmang arya rôngga ngabèi | Patih Purwanagara | alênggah nèng ngayun | lan Tumênggung Natapraja | anêpungi sira Ki Arya Kumitir | lan Dêmang Kulandara ||

7. Dêmang Padacarana tanapi | Arya Wahan jajarira lênggah | Dêmang Soba wiwarane | pra tuwin Rôngga Janur | munggwing kerinira apatih | alênggah sinambungan | Arya Juru Dêmung | têdhak sang sri naranata | sing manguntur dhumatêng bangsal pangrawit | ginarêbêg ing wadya ||

8. orêg sagung ingkang sami nangkil | tilar lante epok lan kandhaga | wus samya siningkirake | pinarak sang aprabu | ing amparan dênta rinukmi | pinatik ing sêsotya | alêlèmèk babud | dèn ayap ing pra biyada | manggung katanggung ngampil upacara sri | ngarsa para nayaka ||

9. prasamyandhèr bukuh dènnya linggih | muka kadya konjêm ing pratala | wangwang patih tur sêmbahe | umatur ing sang prabu | patik aji anuwun runtik | kawula tur upiksa | dhumatêng pukulun | wontên abdi jêng paduka | patinggi ing Randhulawang akêkasih | pun Bramana wong sabrang ||

10. semahira wasta [wa...]

--- 98 ---

[...sta] Ni Bramani | dipun akên dening tiyang liyan | nanging akêmbar warnane | tan salisir sarambut | datan wontên bangkit mancasi | pra nayaka pradata | sadaya anuwun | dêduka tadhah mastaka | sumôngga ing karsa paduka narpati | saking punggung kawula ||

11. angandika aris sri bupati | timbalana katri ngarsaningwang | dèn enggal sun wadakane | patih tur sandika wus | kèn nimbali Bramana kalih | lawan Bramani prapta | ing byantara prabu | kalih anyêkêli asta | kanan keri dadya sira Ni Bramani | alinggih anèng têngah ||

12. sri ngandika hèh wadon Bramani | ingkang êndi yaktine lakinta | mara pilihên samêne | Bramani nêmbah matur | nuwun duka paduka aji | tan mogantên kawula | amilih ing kakung | yèn amba milih kang kanan | manawi kang keri laki ulun yakti | yèn kawula miliha ||

13. ingkang keri manawi dewaji | graja ulun pratistha ing kanan | pukulun langkung èwêde | marma kawula nuwun | adil dalêm ingkang patitis | sang nata angandika | lah iya sun adu | pêrang tandhing singa ingkang | mênang yuda iyèku kang andarbèni | Ni Bramani tur sêmbah ||

14. marma ulun sumiwèng ngarsaji | saking arda kewran ing wardaya | aminta ngadil rêmite | yèn ingabên prang pupuh | kadi wau karsa narpati | sawastu tanpa deya | awit nguni sampun | ayuda sami pragalba | tandya ulun sapih dènira ajurit | pancasa [pa...]

--- 99 ---

[...ncasa] ing ngarsendra ||

15. Sang Bramana janma awotsari | dhuh dewaji èstu rabi amba | pun Bramani salamine | saking sabrang rumuhun | mangke wontên ing tanah Jawi | dèn akên ing têtiyang | kawula anuwun | adil paduka narendra | kang amindha warna umatur wotsari | pukulun sri narendra ||

16. tuhu rabi ulun pun Bramani | pêpacangan saking alit mila | sayakti amba lakine | mangke wontên kang ngaku | minta adil paduka gusti | Ni Bramani mangkana | matur amlas-ayun | sintên ingkang madhangêna | pêtênging tyas kawula tan lyan dewaji | pangruwating duryasa ||

17. èmênging tyasira sri bupati | Risang Darmawisesa sru nabda | kakang Purwanagara ge | katri gawanên mundur | lan rêksanên ingkang prayogi | sri pamasa tumêdhak | kôndur angadhatun | bubar sagung kang sewaka | naranata sarawuhira ing puri | laju mring pamêlêngan ||

18. unanging onênging. tyas amuja sêmèdi | sapta ari tanpa siniwaka | ing driya darpa rêntênge | prabaning praja têdhuh | surêm sênênirèng nagari | tikbra sagung nayaka | gantya kang winuwus | wau kang mancalawarna | sang cakarwa seta mibêr mring wanadri | tan warta mring ki dêmang ||

19. pratistha ring mandira salisik | nulya ana pêksi dhandhang prapta | sasomah mencok arèrèn | dhandhang èstri amuwus | dingarèn ing Bojanagari | surêm cahyaning praja | adhêdhêt dinulu | hèh kakang [ka...]

--- 100 ---

[...kang] karaning apa | beda lawan saban ujwalaning nagri | dhandhang lanang angucap ||

20. layak lamun pêtênga kang nagri | jêr ratune lagya kawiyogan | yakti asurêm prajane | ana Bramana padu | rêbut rabi Bramana kalih | tunggal rupa myang basa | katur ing sang prabu | Mahraja Darmawisesa | èmêng dening nora bisa ambênêri | ing padune Bramana ||

21. sajatine kang sawiji janmi | kang sawiji setan mindha warna | angaku-aku rabine | Bramana kang satuhu | yèn mungguha ingsun agampil | bêbênêraning data | dhandhang èstri muwus | kapriye ênggone mancas | ing padune Bramana kêmbar ing warni | dhandhang jalu awarta ||

22. mring kang èstri rèhira mancasi | ing padune wusnira pêpoyan | nulya umibêr karone | atas pamyarsanipun | sang cakarwa seta udani | sawicaraning dhandhang | sadaya kacakup | dyan mulih sang malih warna | marang dhukuh ing Wanasari wus prapti | kawarna nyai dêmang ||

23. mulat ing atmaja tan kaèksi | angulari kalara karuna | amlas-asih sêsambate | dhuh dewa gustiningsun | marang ngêndi ki mas maliwis | kiyai ularana | ki dêmang amuwus | mundur têka kaya bocah | witne ingsun atrêsna kapati-pati | dèn asabar ing karsa ||

24. kyai dêmang mèsêm muwus malih | dene iku sutanira prapta | cakarwa sinambut age | dhuh anggèr gustiningsun | bisa karya rasaning ati | linggar

--- 101 ---

mring ngêndi sira | dene nora tutur | sang malih warna wacana | kawangkungên nèng wisma kula kêkaring | mring wana antuk warta ||

25. mêne ratu ing Bojanagari | sakamantyan kambah ing rudita | de kang dadi prawitane | wontên Bramana padu | tunggal warna arêbut rabi | nayaka para jêksa | tan ana kang sanggup | mancas paduning Bramana | paman dipun enggal manjinga nagari | sumiwiyèng narendra ||

26. yèn andika bangkit angrampungi | ing padune pun Bramana kêmbar | mendah sang nata sukane | ki dêmang alon muwus | bisa apa manira iki | mojar sang malih warna | manira kang muruk | agya winisik ki dêmang | wus kadhadha kêtarda suka ing ati | saking wuruking dhandhang ||

27. dyan sawega busanèng anangkil | lumaksana mring Bojanagara | praptèng praja laju pepe | ing sor waringin kurung | sri narendra sêdhêng tinangkil | pinarak ing paglaran | pêpak punggawa gung | Bramani wus munggwing ngarsa | kang Bramana kalih ngapit kanan kering | maksih diya-diniya ||

28. nêmbah matur Bramani dhuh gusti | ulun minta ngadil jêng paduka | mugi enggala rampunge | tan wun kawula lampus | datan sagêd alaki kalih | yèn dalu nêdha sêpah | sarêng kalihipun | yèn kawula turutana | ratri kala ting kathuwêl ting kalêsik | angajak wêwingkingan ||

22. Pangkur

1. sarya alara karuna | mêlas-asih aturira Bramani | èmêng ing driya sang prabu | kapita ing tyas mulat | janma pepe sangandhaping [sangandha...]

--- 102 ---

[...ping] wringin kurung | angandika naranata | hèh wong apa iki patih ||

2. pepe nèng waringin kêmbar | kang liningan akèn mariksa nuli | matur yèn Dêmang Kalungsur | mangke sumiwèng nata | tinimbalan saksana tumamèng ngayun | muka konjêm ing pratala | ngandika sri narapati ||

3. hèh dêmang dene alawas | sira nora katon ana ing ngêndi | kang dinangu nêmbah matur | wisma wontên ing wana | abdi dalêm marma sowan ngarsa prabu | kawula miyarsa warta | dewaji dahat mong wingit ||

4. buminata ris ngandika | iya liwat butêke ati mami | ana Bramana apadu | kêmbar rêbut wadonan | nora bisa mancasi padune ingsun | para nayaka pradata | tan ana bisa ngrampungi ||

5. yèn sira bangkit amancas | ing padune Bramana rêbut rabi | agêdhe ganjaraningsun | tur sêmbah kang sinabdan | patik aji darmi kewala pukulun | manawi sagêd amancas | kalawan idi narpati ||

6. êntyarsa sri naradipa | srêp ing galih lir siniram ing warih | lah ta bênêrana gupuh | padha mêngko pancasa | tur sandika ki dêmang aminta jabung | kalawan kêndhi pratola | wus sinaosakên nuli ||

7. ki dêmang sigra mradata | asru mojar marang Bramana kalih | hèh sapa bisa lumêbu | jroning kêndhi pratola | iya iku Bramana ingkang satuhu | pasthi yèn padune mênang | nyata lakining Bramani ||

8. dene lamun ora bisa |

--- 103 ---

manjing kêndhi iku Bramana maling | nyata wong angaku-aku | matur Bramana janma | pun Bramani rabi kawula satuhu | saking sabrang angajawa | aksamanta malbwèng kêndhi ||

9. pan dèrèng nate kawula | manjing kêndhi ki dêmang asru angling | yèn mangkono sira dudu | Bramana kang sanyata | mung kewala têtêp sira ngaku-aku | gêgêtun sira Bramana | anjêngêr amrêbês mili ||

10. rabine sinambat ing tyas | baya tan wus karsaning dewa lêwih | Bramani pisah lan ingsun | dadi somahing liyan | sang Bramana setan asuka gumuyu | nyatane wong ngamandaka | culika angaku bêcik ||

11. êndi tandhamu yèn nyata | duwe rabi Bramani sira anjing | dene têka nora sanggup | manjing kêndhi pratola | ingsun bisa lumêbu ing êlèng sêmut | yèn kinon marang ki jêksa | tan ajrih ingsun nanggupi ||

12. puniku kècu alasan | mêsum biyas tan bisa manjing kêndhi | Bramana janma tumungkul | luhnya drês lir turasan | wangwang kinon Bramana tiron agupuh | umanjing kêndhi pratola | Ki Dêmang Kalungsur aglis ||

13. punang kêndhi tinutupan | ing jêjabung tumulya manganjali | punika pratandhanipun | lamun dede manusa | tuhu setan bangkit manjing ajèr-ajur | ingkang sayakti manusa | tan sagêd manjing jro kêndhi ||

14. yèn suwawi binasmia | sayaktine setan ajrih ing agni | sri nata gawok kalangkung | darpa sukaning [su...]

--- 104 ---

[...kaning] driya | wus sumaos dahana ing alun-alun | pratola dyan winalagar | gandarwo sru dèniranjrit ||

15. anèng jro kêndhi karuna | setan ora mati mung kênèng sakit | sirna tangis tan karungu | mulih mring kahyanganta | sri narendra suka ngalêmbanèng kalbu | ki dêmang budine lêpas | gawok sagung kang ningali ||

16. Dêmang Kalungsur ginanjar | pasilan kinarya pêpatih aji | lawan sinungan jêjuluk | Patih Jêksanagara | pinaringan linggih karya kawan èwu | asisih Purwanagara | pinaro punggawa mantri ||

17. Bramana Bramani sigra | atur pamit sukèng tyas jalu èstri | sumusuk mring wismanipun | sapraptanirèng wisma | tansah muja sêmadi pamintanipun | Ki Patih Jêksanagara | mugi prasida amukti ||

18. ya ta wau nyai dêmang | ingutusan dening rakyana patih | mantri kêkalih lumaku | mawa tandhu jêmpana | kawarnaa ni dêmang maras ing kalbu | sang malih warna uninga | dadya awacana manis ||

19. bibi dêmang aywa maras | paman dêmang sampun dadya priyayi | mungguh ing wataraningsun | dadi wrangkaning nata | lamun paman lulus kawibawanipun | nyi dêmang pemut manira | dèn gumati ing wong miskin ||

20. yèn èstu paman kinarya | pêpatihing nata manira kari | ing ngriki atunggu dhukuh | ana ing Wanasêkar | rukon-rukon kalawan Ki Jaka Gêdhug | ecaa imbal wacana | kagyat tandhu joli prapti ||

21. swaraning [swara...]

--- 105 ---

[...ning] wadya gumêrah | anèng jawi mantrine manjing kori | sang malih warna dyan mabur | lumuh awor wong kathah | nyai dêmang lan mantri kalih acundhuk | winartan lamun kang priya | mangke wus dadya pêpatih ||

22. tan winarna lampahira | nyai dêmang sampun anitih joli | kang anjajari gumrudug | dèn iring ing pradôngga | lir wong ngarak ni dêmang tansah kapiluh | ingkang kacipta ing driya | atmaja cakarwa putih ||

23. tandya lampahira prapta | ing Bojanagara sampun apanggih | lan priya kya patih muwus | lah êndi putranira | matur kantun ing wisma lan Jaka Gêdhug | ki patih tan angandika | tumungkul èsmu prihatin ||

24. ketang dardanira marang | kang atmaja risang maliwis putih | dènnira angangkah sunu | lir yogane priyôngga | kawarnaa kang kari Ki Jaka Gêdhug | angarsa-arsa kang raka | wau sang mancala warni ||

25. tumurun Ki Jaka mulat | suka-suka kawarna sampun ratri | cakarwa seta amuwus | yayi manira tanya | ngêndi ana wanodya ayu pinunjul | sumaur kala kawula | alit kêkuncung angiring ||

26. ing pun bibi mring jro pura | wruh putrine sang nata ayu lêwih | Srêngganawati jêjuluk | mangke Ambarawatya | kadi Dèwi Ratih ing swarga tumurun | nitis mring Bojanagara | mojar sang amalih warni ||

27. yèn mangkono benjang-enjang | ngong arsa wrin Ki Jaka anauri | inggih sampun dangu-dangu | ing taman Bandarandhap |

--- 106 ---

pacangkramanira sang rêtnaning ayu | iya sun môngsa suwea | samana ing wayah lingsir ||

28. mentar ngetan sang cakarwa | muluk marang gêgana angidêri | pura aniyup jumujug | ing taman Bandarandhap | ri saksana mencok ing cêpaka wungu | carya mring rakiting taman | pêpêthetan sri kinanthi ||

23. Kinanthi

1. byatita mangke winuwus | kusuma Srêngganawati | putri ing Bojanagara | tuhwendah datanpa siring | wadana sawang kirana | sêdhênge purnamasidi ||

2. èsêmira kadi madu | kuninge ambêngle keris | wônda rurus apidêksa | tingale manis alindri | pan janmane Dèwi Sêtya | putri ing Malawapati ||

3. mangkana sang rêtnaning rum | tumêdhak mring taman sari | amung pawongan sadasa | kang umiring Radèn Dèwi | tan adoh êmban Jalamprang | pra babu inya nèng wuri ||

4. parêkan cèthi ing ngayun | nômpa bun kancana adi | lulur lawan gônda wida | patêlêsan datan kari | sapraptanira ing taman | kagyat sang amalih warni ||

5. mulat ing sang murtiningrum | kadaut rasaning ati | luh mijil atalêthokan | yèn angucapa sang pêksi | iki wong ayu utama | kêmbar lawan garwa mami ||

6. bayèstu kang seda tunu | nitis mring Bojanagari | punapane ingkang siwah | mung anom tuwa sathithik | pamintaningsun kang muga | tulusa ingsun angabdi ||

7. mring sang dyah dewaning ayu | muga pinarêngna ugi |

--- 107 ---

kawula darbe bêndara | kusumèng Bojanagari | sang rêtna samana lagya | non rawan jumênêng sarwi ||

8. anèng sor capaka wungu | dèn ayap ing para cèthi | sira kang amalih warna | amicara jroning ati | sun prihe wikan maringwang | sigra sang cakarwa putih ||

9. sêkar capaka cinucuk | tinibakakên tumuli | ing ngarsanira sang rêtna | saksana pinèt kang sari | biyang aku olèh kêmbang | tiba anèng ngarsa mami ||

10. ingsun anggone cêcundhuk | ya ta kang amalih warni | anucuk malih sapasang | tinibakakên tumuli | ing pangkonira sang rêtna | sang dyah angandika aris ||

11. tanna angin ora jawuh | kêmbang tiba ting talêthik | kadingarèn ana apa | sarya tumênga dènnyangling | wajanta kengis gumêbyar | tan kèksi sang malih warni ||

12. lapak kalingan ing taru | ya ta sang maliwis putih | amicara jroning nala | nyata yèn ayu linêwih | kusumèng Bojanagara | bêgjane kang duwe rabi ||

13. èsême apait madu | liringe asawang thathit | baya mau duk tumênga | durung uninga ing kami | mêngko ingsun prihe duka | rêtnaning Bojanagari ||

14. sigra kang arupa manuk | anocor sêkar pinilih | kang akèh karangrangira | tinibakakên tumuli | ing jajanira sang rêtna | wonga-wongane matitis ||

15. sang ayu kagyat anjumbul | tan wruh ruruning kang sari | karangrang lumrang ing jaja | kêmbên binuwang ing siti | samana

--- 108 ---

akitrang-kitrang | gêlung lukar tan katolih ||

16. pijêr angrêmêd pambayun | biyang tulungana mami | lêbur payudaraningwang | bintule rongpuluh sisih | dikêrah dening karangrang | baya setan cicir bêlis ||

17. nibani karangrang mringsun | baya ta bêlis ing ngêndi | sidi sambêring gêgêlap | sidi pênthung alu lêmbing | sidi labrag ngalu papat | sidi tanjir molar-malir ||

18. amicara jroning kalbu | sira sang maliwis putih | iki wong ayu sambada | mung sêsote andarwili | nanging agawe wigêna | bêgjane kang darbe gusti ||

19. parêkan sami andulu | marang kang amalih warni | sami alok suraweyan | yèn ana maliwis putih | sang ayu sigra tumênga | prastawa dènnya umaksi ||

20. marang sang cakarwa pingul | wangwang sang amalih warni | matêk guna pangasihan | asmaratôntra lan dhasthi | sumbaga pun pulunggana | kakênan laksmining puri ||

21. bramatyanira wus larud | sirna karkate kang galih | tan ana ingkang kacipta | muhung sang maliwis putih | sapandurat tan ngandika | arda kataman ing wingit ||

22. puwara ngandika arum | biyang si maliwis putih | ingkang nibani karangrang | lah wisayanên dèn kêni | yèn ora kênaa biyang | mliwis putih ngong ngêmasi ||

23. inya Jalangprang umatur | kalangun suwawi gusti | kawula ngundang sakêdhap | abdi dalêm saragêni | darapon sinanjataa | sang putri ngandika runtik ||

24. angur silih rêraimu |

--- 109 ---

lêbura kêna ing bêdhil | ana parêkan sajuga | ingagnyan mènèk tumuli | andikêp maliwis pêthak | rumagang ajrih ing gusti ||

25. pambayun kadi pinarut | kalorod tiba ing siti | sang ayu manggung tumênga | ya ta sang maliwis putih | mibêr tumamèng sagaran | asru ngandika sang putri ||

26. lah mara padha dèn gupuh | burunên maliwis putih | anèng rawan langènana | kêpungên têngahing warih | hèh poma-poma dèn kêna | aywana wêdi ing warih ||

27. padha sun tugêl gulumu | luputa maliwis putih | sadaya ambyur ing toya | amburu maliwis putih | malah padha gulagêpan | kang ora bisa ngêlangi ||

28. maliwis polahe tutut | yèn tinubruk angoncati | tansah mèsêm ing wardaya | sira sang amalih warni | tumingal ing para inya | gulagêpan anèng warih ||

29. sawênèh ana amuwus | bayèki maliwis êjin | gawe kangelaning kathah | polahe mêmanas ati | sawênèh pawongan mojar | ing mêngko kalamun kêni ||

30. sun cêkêl banjur sun bêkuk | gulune dimèn ngêmasi | pinêndhêm anèng bêloran | lamun dinangu ing gusti | sun matur ilang ing taman | mojar sang maliwis putih ||

31. nora layak ingsun rungu | pangocape para nyai | punapa dosa manira | nora utang nora nyilih | binuru mara nyandhaka | kagyat sagung para nyai ||

32. sawênèh mêntas amuwus | lagi mêngko sun ningali |

--- 110 ---

maliwis bisa angucap | tur anèh ulêse putih | pantêse wong tapa salah | anitis dadi maliwis ||

33. angucap ing driyanipun | sira sang maliwis putih | nora mandi dhasthiningwang | tandhanira de sang putri | tan milu tumamèng tirta | cihnane yèn ora asih ||

34. angur ta muliha ingsun | dyan mabur maliwis putih | muluk napak jumantara | sumusuk mring Wanasari | pra nyai kari anggana | pangucape sêmu tangis ||

35. mendah dukane sang ayu | maliwis putih tan kêni | rewange sawiji mojar | ujêr karia suwiwi | paran ênggone anyandhak | manusa marang maliwis ||

36. yakti kari bisa mabur | ya ta kusumaning puri | putri ing Bojanagara | mulat ing maliwis putih | muluk marang ing gêgana | anjêngêr datanpa angling ||

37. Nyai Jalamprang umatur | watawis kawula gusti | maliwis pêthak punika | dede kukila sayakti | sagêd ngucap kadi janma | pandugi kawula gusti ||

38. gandarwo setan lêlêmbut | awarni maliwis putih | sang ayu tan angandika | sumaput ing tyas makingkin | amung sang maliwis seta | pratistha tungtunging galih ||

39. sakala sang dyah amuwun | kondurirarda wiyadi | arsa umarêk ing rama | mirong kasêmêkan sarwi | samarga ngusapi waspa | samana sri narapati ||

40. nuju pinarak supênuh | kang para manis sumiwi | Mahraja Darmawisesa | lagya ngling lan pramèswari |

--- 111 ---

kasaru praptaning putra | mular nungkêmi padaji ||

41. kagyat ing driya sang prabu | gupuh angayuh ing siwi | agugup dènira tanya | adhuh putraningsun nini | wong ayu wartaa paran | daruna wijiling tangis ||

24. Mijil

1. mêmundhuta sêsotya kang adi | babo sutaningong | muwah rajakaputrèn kang aèng | myang busana ingkang sarwa pèni | aranana gusti | mênênga wong ayu ||

2. sang dyah sangkin arda ing panangis | pêgêl tyas sang katong | èsmu duka wijiling sabdane | hèh Jalamprang marmane ni putri | lara-lara nangis | apa kang jinaluk ||

3. kang dinangu matur awotsari | putri jêng sang katong | tan mêmundhut raja kaputrène | marma mular sang kadi apsari | muwuni maliwis | pêthak kadi kapuk ||

4. anèng taman asaba pinanggih | koningan sang sinom | kadi dede pêksi sajatine | pun maliwis sagêd basèng janmi | tutut mêrak ati | tinubruk umabur ||

5. sru gumujêng sang sri narapati | andikaniralon | lah mênênga putriningsun ênggèr | lagi tumon kaya sira iki | wus gêdhe birai | anangisi manuk ||

6. mêngko ingsun utusan ngulati | mênênga mas ingong | sri narendra malih andikane | hèh Sèbêtan undangên si patih | Jêksanagaraglis | mentar kang tinuduh ||

7. tan adangu kya patih wus kerid | ing caraka katong | prapta ing srimanganti lampahe |

--- 112 ---

nindya mantri dyan tumamèng puri | praptèng byantaraji | mêndhak awotsantun ||

8. ingawe anakêt ing ngarsaji | ki patih mara lon | praptèng ngarsa manêmbah alinggèh | bukuh muka konjêm ing pratiwi | langkung dènirajrih | ngandika sang prabu ||

9. marma sira kakang sun timbali | marang ngarsaningong | ingsun duta mentara dèn age | angupayaa maliwis putih | bisa basèng janmi | poma dèn katêmu ||

10. sira kakang aywa mulih-mulih | dèn acekoh regoh | lamun ora katêmu manuke | mau saba anèng taman sari | ni putri mênangi | cinêkêl umabur ||

11. wèh bramintaning tyas nini putri | anggujêg maringong | malah dadi sru ing pamulare | poma sira mentara tumuli | ki patih wotsari | sandika turipun ||

12. sigra mijil sang anindyamantri | sapraptaning wiyos | samangkana pangunandikane | sun watara ya atmaja mami | kang asaba maring | jroning taman santun ||

13. wangwang mantuk ing wisma wus prapti | ki patih alunggoh | rabinira mara lon ature | punapantuk ulun nungsung warti | dingarèn kiyai | ngandikan malêbu ||

14. wontên paran salêbêting puri | kakung lingnya alon | sumarmèngsun ingandikan dene | dinutèng sri ngruruh mliwis putih | bisa basèng janmi | sang putri kang mundhut ||

15. malah dadi tangise sang putri | ni patih miraos | mila sang dyah wikan ing warnane | mring cakarwa bisa basèng [ba...]

--- 113 ---

[...sèng] janmi | kapanggih ing pundi | ki patih amuwus ||

16. sang dyah siram anèng taman sari | ing wayah sadhawoh | kang cakarwa pinanggyèng tamane | cinêkêl ing pra inya tan kêni | umibêr tumuli | sang dyah kari muwun ||

17. ingsun duga kadi nora sisip | yèn atmajaningong | ingkang saba marang udyanane | ngulatana kongsi têkèng pati | môngsantuka mliwis | kang bisa amuwus ||

18. mung putranta anèh tanpa siring | môngsana aroro | warna pelag lan anyugihake | nyai patih waspanira mijil | anggarjitèng ati | tan wun sutaningsun ||

19. pinundhut ing sang sri narapati | paran polah ingong | kyai patih alon andikane | dumèh paran nyai sira nangis | pupusên ing ati | karsaning dewa gung ||

20. nadyan patinira lawan mami | pinundhut ing katong | yakti sami sinumanggakake | ratu iku silih ing dewadi | ila-ila prapti | wong lêngganèng ratu ||

21. lah karia babo aja nangis | lunga dhewe ingong | amarani atmajanta mêne | kyana patih saksana lumaris | marang Wanasari | kunêng kang winuwus ||

22. Jaka Gêdhug lan sang malih warni | alinggih karoron | Jaka Gêdhug alon ing ature | andika wingi kangmas mring pundi | adangu tan prapti | mèh anangis ulun ||

23. ri sang malih warna anauri | alêledhang ingong | marang taman kapranggul kang darbe | sang rêtnarsa siram maring bèji | tuhwayu [tuhwa...]

--- 114 ---

[...yu] linêwih | putrane sang prabu ||

24. bênêr tuturira tanna sisip | warnane sang sinom | raga krana asêdhêng dêdêge | nora larang yèn tohana pati | cacade sawiji | asugih pêpisuh ||

25. ingsun wingi dèn bêburu yayi | dening para sinom | binutuhkên ing pra èstri kabèh | malêbu ing tirta dèn langèni | mèh kabutuh mami | mibêr banjur mantuk ||

26. Jaka Gêdhug gêgêtun ing ati | awacana alon | adhuh kakang dene katujune | datan kêna marase kang ati | yèn dèn pirantèni | bok kêna ing pulut ||

27. kaya paran polah ingsun kari | eca gunêm raos | kasaru ing kya patih praptane | anèng latar sigra malayoni | mring sang malih warni | agupuh sinambut ||

28. dhuh sutèngsun mas maliwis putih | woding driyaningong | sang amalih warnalon wuwuse | wontên paran andika umijil | baya dèn runtiki | ing gusti sang prabu ||

29. mantri muka alon anauri | marmane ngong miyos | tan dinukan manira yaktine | dinuta ing sang sri narapati | ngupaya maliwis | ingkang warna pingul ||

30. sarta bisa ngucap basèng janmi | putrane sang katong | ingkang mundhut arda wulangune | purwanira ing nguni udani | awit kang maliwis | sabèng taman santun ||

31. tinubruk ing kèh mabur tan kêni | timbalan sang katong | tan kalilan ingsun mulèh-mulèh | lamun ora katêmu maliwis | kang sabèng wêdari |

--- 115 ---

lah paran karsamu ||

32. muhung sira sun wawrat ing budi | bangkit apa ingong | dadi patih saking sira ênggèr | ingsun darma kewala nglampahi | mêngko manggih kardi | kang luwih pakewuh ||

33. lamun sira tan bisa ngulari | pundhutaning katong | lah ta payo minggat saking kene | môngsa wuna manira pinatin | dening sri bupati | yèn ora katêmu ||

34. maliwis kang bisa basèng janmi | pasthi sun kinêthok | ri sang malih warna nglês driyane | non sudarmanira asmu tangis | dadya wacanaris | dèn rèrèh ing kayun ||

35. yogyanira pinikir rumiyin | aywage ambolos | de kang saba ing taman sarine | inggih kula kapranggul sang putri | sasolahiranting | tinutur lir madu ||

25. Dhandhanggula

1. sang mancala warna matur aris | tan lèn kula ingkang karya dosa | lah aturna prayogane | suka lila wak ingsun | pinêjahan dening narpati | Ki Gêdhug asru mojar | paran polah ingsun | kakang pisah lan andika | nêdha minggat saking tanah Bojanagri | nindya mantri karuna ||

2. tan winarna solahing prihatin | kyana patih wus maluyèng praja | umawa cakarwa pinge | ing ênu tan winuwus | praptèng wismanira kapanggih | kalawan rabinira | lara-lara muwun | rinangkul sang malih warna | adhuh muhung sira tungtunging pangaksi | lir yogèngsun priyôngga ||

3. kaya paran solah ingsun gusti | yèn èstua pisah lawan sira | sang malih warna dêlinge |

--- 116 ---

nyai sampun amuwun | wus karsaning bathara lêwih | kinarya lêlampahan | mêne raganingsun | kèndêl dènira karuna | atmajane pinangku sang malih warni | tansah kinuswa-kuswa ||

4. mantri muka wisata anangis | lan rabine enggal lampahira | kandhêg ing sri mangantine | sigra awêling atur | tinimbalan manjing jro puri | praptèng byantara nata | alênggah mabukuh | sri naranata ngandika | kakang patih kaya-kaya antuk kardi | dene ta enggal prapta ||

5. kyana patih matur awotsari | abdi dalêm anuwun dêduka | sing dahat kalimutane | pêpundhutan pukulun | ingkang pêksi maliwis putih | kawula sampun gadhah | wus lamyamba ingu | kalamun kangge sumôngga | bilih botên kawula angruruh malih | ngandika sri narendra ||

6. yakti kanggo yèn maliwis putih | ingkang bisa ngucap basèng janma | ki patih alon ature | inggih sagêd rumuhun | kala wontên ing wisma patik | nuwun duka narendra | wontên jro kadhatun | kinarsakakên ing nata | wontênipun ing ngarsa paduka aji | manawi jrih micara ||

7. angandika aris sri bupati | hèh Sèbêtan sira timbalana | si kakang patih rabine | lan maliwise gupuh | kang dinuta wisata mijil | ni patih nulya prapta | ngarsane sang prabu | sarwi angêmban cakarwa | sri narendra kacaryan dènnya umaksi | marang sang malih warna ||

--- 117 ---

8. de wulune seta amrak ati | netranira mancur lir mutyara | sri natarda wismayane | sarya mèsêm amuwus | lah bagea maliwis putih | matur sang sinêmbrama | dewaji anuwun | kalangkung kalingga murda | sih paduka kacancang ing jambul mami | kang dhawuh pun cakarwa ||

9. sri narendra kakênan miyarsi | pangucaping cakarwa lir janma | wangwang malih andikane | sirèku ingsun pundhut | ngong dunungkên sajroning puri | lah paran aturira | dene karsaningsun | aywa sira taha-taha | nèng jro pura cakarwa umatur aris | dewaji tur kawula ||

10. sampun kirang pangaksama aji | pun maliwis dahat mudha dama | tan wrin dugi prayogine | kawula pêksi dhusun | dèrèng wikan ing tatakrami | mèsêm sang sri narendra | angandika arum | maliwis ingsun atanya | lah ing ngêndi nagaranira ing nguni | dene bisa wacana ||

11. sang cakarwa matur ngasih-asih | dhuh dewaji kawula punika | nguni amêng-amêngane | putra paduka prabu | sri narendra ing Mlawapati | Mahraja Anglingdarma | nimitaning ulun | wontên ing Bojanagara | angulari gusti kawula sang aji | anis atilar praja ||

12. sri narendra angandika malih | pa karane Raja Anglingdarma | anis atilar prajane | dene ratu dibyanung | wijayèng prang kuncara sakti | abala para raja | sang maliwis matur | pukulun putra paduka | Sri Nglingdarma marma nis tilar nagari |

--- 118 ---

wit kapugutan trêsna ||

13. garwanira seda lêbu agni | putra tuwan kalangkung sungkawa | tan tahan nandhang wirage | dadya anis ing dalu | sampun lami ulun ulati | ngalaya njajah desa | myang praja tan pangguh | marma kasasar kawula | anèng praja paduka ing Bojanagri | byatning trêsna ngawula ||

14. Raja Darma wisesa ngling malih | layak lamun nak prabu asiha | marang pêksi cakarwane | sasolahe wèh yungyun | ingsun lagi kapanggyèng wingking | kalangkung trêsnaningwang | ngandika sang prabu | mring patih sira muliha | dèn pracaya cakarwa anèng jro puri | sang liningan manêmbah ||

15. wangwang mijil sang anindya mantri | saking pura lawan rabinira | samarga adrês waspane | angandika sang prabu | hèh Sèbêtan timbalanaglis | sutèngsun nimas rara | kang kinèn agupuh | manêmbah asigra-sigra | kawarnaa sang putri tan kêna lilih | brangtanirèng cakarwa ||

16. wus alami tajin dhahar guling | mung maliwis kang tansah kadriya | kapirangu sasolahe | sira sang dewaningrum | lagya lênggah ing maderukmi | ingayap de pawongan | andhèr anèng ngayun | tan adoh pra êmban inya | lagi eca imbal wacana sang putri | kasaru duta prapta ||

17. Kèn Sèbêtan manêmbah turnyaris | ingandikan gusti jêng paduka | de ramanta sang pamase | agêpah kusumayu | mentar arsa marêk ing aji | ingiring de pra kênya | upacara ngayun | saestha [sae...]

--- 119 ---

[...stha] Dèwi Supraba | arsa marêk ing ngarsèng Hyang Surapati | praptane byantarendra ||

18. rêtnaning dyah mêndhak awotsari | anungkêmi padanirèng rama | sang dyah kinuswa êmbune | dhuh nini putraningsun | marma sira ingsun timbali | manirarsa pêpoyan | yèn samêne manuk | ingkang sira jaluk prapta | si maliwis putih ulêse mrak ati | tur bisa basèng janma ||

19. sira têngêrana kang maliwis | apa iku kang sabèng udyana | sang dyah waswan paningale | kamantyan sukèng kalbu | alon matur ing sri bupati | inggih-inggih punika | kang kawula buru | ya ta sigra pinaranan | dening sira Sang Rêtna Ambarawati | jiniwit pupunira ||

20. sarya mojar sang kadi apsari | dene sira ludhês kudu kêna | cangèngès katêmwèng kene | kalane ingsun buru | mibêr muluk marang wiyati | tan atolih maringwang | marase tyas ingsun | manawa banjur mring alas | lah sun têmu kuwuk sira nèng jro puri | sun bêkuk gulunira ||

21. sru gumujêng sang sri narapati | angandika mring cakarwa seta | sira ingsun paringake | maring atmajaningsun | nini putri Ambarawati | matur sang malih warna | dewaji anuwun | kawula atadhah duka | datan sagêd ngabdi ing priyagung èstri | sang nata angandika ||

22. ya pagene sira sang maliwis | nora arsa maring putraningwang | ingkang liningan ature | nimita nuwun bêndu | watêkipun priyagung èstri | kirang

--- 120 ---

ing pangaksama | asugih pêpisuh | kamuktène tan pintêna | botên wande kawula minggat sing puri | têmah dados dêduka ||

23. mèsêm nabda kusumaning puri | ngadi-adi têmên si cakarwa | karuwan apa yèn sugèh | pêpisuh awakingsun | nuli sira nênacad dhihin | matur sang malih warna | lawan malihipun | ulun jrih dhatêng pun inya | kalanira nèng taman sami angincih | dhatêng badan kawula ||

24. sang dyah ayu angandika sarwi | ngêlus-êlus sang amalih warna | sira kêkasih ngong dhewe | aywa kakehan padu | têmah pêgêl rasaning ati | sakawasa manira | sira ingsun ugung | aywa sira minggat-minggat | lamun sira lunga ngong kari anangis | tan ana kanthiningwang ||

26. Kinanthi

1. saksana binakta kôndur | mring kaputrèn sang maliwis | pinondhong dening sang rêtna | para pawongan umiring | sadaya suka ing driya | umiyat gusti sang putri ||

2. tan adangu lampahipun | ing kaputrèn sampun prapti | sakamantyan kinasihan | sira sang maliwis putih | dening sang rêtnaning pura | tansah sinandhing alinggih ||

3. tan pêgat ingêlus-êlus | sira sang maliwis putih | binonyo ing gôndawida | wulune kongsi akuning | linisahan jêjêbadan | kasturi amrih awangi ||

4. cakarwa tansah pinangku | dènira sang raja putri | sinungan amikamikanamik-amikan. | woh-wohan kang manis-manis | datatitanên [datatitanê...]

--- 121 ---

[...n] wus lama | sang maliwis nèng jro puri ||

5. kawarna sang dewaning rum | pinarak sajroning panti | wus surup Sang Hyang Aruna | parêkan samya sumiwi | sadaya suka tumingal | dhatêng sang maliwis putih ||

6. sapolahira acucud | bok inya micarèng ati | baya ta wong tapa salah | anitis dadi maliwis | mojar sang amalih warna | marang sagung para èstri ||

7. nyai nêdha ala nganggur | cêcangkriman lawan mami | sumaur inya Jalamprang | apa tohira maliwis | dene apêksa prawira | têmbêlèk amungsuh janmi ||

8. apa tohira maringsun | yèn kalah ingsun bubuti | lah badhenên sang cakarwa | wite dhakah wohe dhikih | wit adhikih wohe dhakah | mara badhenên tumuli ||

9. lamun sisip pambadhemu | êlarmu ingsun bubuti | mojar sang amalih warna | sarya mèsêm jroning ati | dèn aririh nyai inya | ambubuti êlar mami ||

10. cangkriman andika wau | wit adhakah wohe dhikih | nyai pambatang manira | puniku tan lèn waringin | uwite agêng kaliwat | uwohe acilik-cilik ||

11. ingkang dhikih uwitipun | wohe dhakah iku nyai | manira batang sêmôngka | dene witipun acilik | agêdhe-gêdhe wohira | punika pambadhe mami ||

12. Ni Jalamprang tan amuwus | angrasa wirang ing ati | yèn angucapa ing nala | aywa awêdi jêng gusti | sun bêkuk gulune

--- 122 ---

modar | si maliwis manas ati ||

13. Nyai Jalamprang amuwus | hèh sakèhe para nyai | payo padha cangkrimana | kinarubut si maliwis | lamun kalah binubutan | wulune dèn kongsi ênting ||

14. Ni Jalamprang asru muwus | mara badhenên maliwis | ana tangis kawlasarsa | anèng pangkon angrêrintih | sêsambate tan karuwan | dudu tangis lare cilik ||

15. mênêng dènnya nangis turu | kapati tan obah osik | lah mara sira badhea | mèsêm ing tyas sang maliwis | bok inya puniku rêbab | sangsaya merang ni nyai ||

16. cakarwa malih amuwus | lah andika badhe nyai | ana tangis minta lara | lamun dalu angrêrintih | yèn wis prapta laranira | tumuli mari anangis ||

17. lan malih cangkrimaningsun | ana boja saking mèdi | sinawang srananing pangan | lah dawêg andika cupi | tumungkul inya Jalamprang | ya ta sang maliwis putih ||

18. anèng ngarsane sang ayu | suka sarwi asêsirig | ambadhodhok wulunira | ngerang-erang dènirangling | dhuh barondhol êlaringwang | kari guna dèn bubuti ||

19. sanadyan manuka ingsun | dudu manuk saba rawi | lan dudu manuk urakan | yèn kalaha awak mami | ngadu sêmu lan wanita | tanpa gawe anèng puri ||

20. mèsêm ngandika sang ayu | bênêr si maliwis putih | lah ta mara-mara biyang | sira badhea tumuli | tur sêmbah kang sinung ujar | alah inggih mangke [mang...]

--- 123 ---

[...ke] gusti ||

21. inya Jalamprang amuwus | kang anangis angrêrintih | garèng pambadhe manira | ana pangan saking mèdi | rase pambadhe manira | lah kalah sira maliwis ||

22. sang malih warna amuwus | adhuh putung gulu mami | binêkuk marang bok inya | angandika sang lir Ratih | biyang inya kari guna | lagi tumon sira iki ||

23. manusa kalah lan manuk | lah cakarwa sun pribadi | ambadhe cangkrimanira | kabadhe tohmu punapi | matur sang maliwis seta | mung badan kawula gusti ||

24. lamun kabadhea èstu | kawula dadosa abdi | paduka ingkang darbea | ing badan kawula gusti | sang lir apsari ngandika | ana pangan saking mèdi ||

25. kêmlandhingan pambatangsun | sawange saka ing mèdi | kinjêng kajaring ing sawang | iku kang minôngka bukti | ana tangis minta lara | pambatangong pitik cilik ||

26. lamun durung darbe wulu | sabên dalu kiyak-kiyik | yèn uwis êlare pêpak | mari dènnya kiyak-kiyik | matur sang maliwis pêthak | inggih lêrês kusumadi ||

27. sang dyah angandika arum | sun tanya maliwis putih | ngêndi asalmu ing kuna | kang tinanya matur aris | saking nagari Malawa | amêng-amêngan narpati ||

28. ing Mlawapati sang prabu | ajêjuluk Anglingdarmi | alami tilar nagara | punika ulun ulati | wus wani datan kapêdhak | nguni sang sri narapati ||

29. sihipun kalangkung-langkung | dhumatêng kawula gusti |

--- 124 ---

lamun kawula anendra | para garwa kang ngêmuli | yèn siyang tinunggil dhahar | kalamun miyos tinangkil ||

30. ing mantri punggawa agung | lunggwèng padmasana gadhing | tumut alênggah kawula | marma tur kawula mangkin | mring paduka kusumèng dyah | yèn kuwawi animbangi ||

31. angugung kadya sang prabu | kawula tulus angabdi | lamun datan kalampahan | amit pun maliwis putih | ngulari gusti sang nata | kang anis saking nagari ||

32. nadyan maliwisa ulun | botên doyan wadêr pari | sang dyah ngling durung karuan | bisa lan ora nimbangi | nuli pamit arsa mentar | bok aywa angadi-adi ||

33. apa ingkang sira jaluk | yakti ingsun minangkani | ananging ywa sira cidra | angawula maring mami | umatur sang malih warna | inggih sandika mas gusti ||

34. ngandika malih sang ayu | gustimu sri narapati | apa bisa amêmaca | lan apa bisa anggêndhing | umatur maliwis pêthak | rakanta sri narapati ||

35. ing saliring sastra putus | wignya ukaraning gêndhing | kidung kakawin pralambang | swararum manis agilig | rikala sri naranata | amaca kathah wong brangti ||

36. mèsêm ngandika sang ayu | pantês têmên si maliwis | yèn ngalêm ing gustinira | matane kongsi mundêlik | gumujêng cakarwa seta | ngandika malih sang putri ||

37. gustinira sang aprabu | layang apa dèn dhêmêni | umatur ingkang tinanyan | sêrat Ramayana gusti | rikala Sang Ragotama | pangantyan [pangantya...]

--- 125 ---

[...n] lan Sinta Dèwi ||

38. Putri Mantilidirja nung | Prabu Janaka kang siwi | têmbangipun madurêtna | pinirsa anggarit ati | yèn nyêkar gôndakusuma | kathah èstri mêmanasi ||

39. pawongan kathah kayungyun | sangêt anahên wiyadi | wênèh wontên ngrangkul saka | gumujêng rahadèn dèwi | maliwis ngura-uraa | tirunên gustimu aji ||

40. inggih sandika turipun | sira sang maliwis putih | sigra lêkas ngura-ura | rêrêpi sêkar pamijil | swara rum lir guladrawa | mangkana dènnya ngrêrêpi ||

27. Mijil

1. dhuh gustiku Sri Malawapati | Nglingdarma kinaot | listyèng warna tanpa sêsiringe | sudibyanung ngrèh para narpati | mêne kinuncangi | jawata anglangut ||

2. tilar praja lèn kawiryan lêwih | sangsara linakon | rumurah ing wônda tan wrin ing rèh | labêt arda braminta lumindhih | tanpanon ing bumi | sing kataman giyuh ||

3. kawulanta pun cakarwa putih | samêne rumuroh | ing paduka kaluntèng larise | kongsi prapta ing Bôjanagari | tanpa antuk warti | baya nganyut tuwuh ||

4. yèn èstua gusti nglalu pati | kawula nglud layon | taman bangkit kantun pribadine | muhung ketang sih paduka aji | dene tan wêwarti | lamun arsa nglangut ||

5. dasihira dahat kawlas asih | tanpa antuk tuduh | ing sasana paduka marmane | wagugên ing driya tan udani | rèhing kang siniwi | wastuning dinunung ||

--- 126 ---

28. Kinanthi

1. ya ta kusumaning ayu | trênyuh ing driya miyarsi | pangrêpinirang cakarwa | swanitanira drês mijil | ketang raja Anglingdarma | tinutur anom apêkik ||

29. Sinom

1. kacatur sampun alama | sira sang maliwis putih | wontên ing Bojanagara | langkung sihira sang putri | marang maliwis putih | supe dhatêng rama ibu | sêngsêm mring kalangênan | tan kêna sah siyang ratri | lamun sare maliwis pratisthèng dagan ||

2. yèn dhahar tinunggil ajang | ngandika sang lir apsari | maliwis ingsun atanya | apa karane ing nguni | gustimu sri bupati | mentar tilar prajanipun | Mahraja Anglingdarma | matur sang maliwis putih | milanipun gusti atilar nagara ||

3. margi kapêgatan trêsna | tinilar ing pramèswari | seda alêbu tumangan | wasta Dèwi Sêtyawati | sangêt liwung sang aji | sing endahipun kang lampus | punjul ing para garwa | ngandika sang ruming sari | buh akale ratu atilar nagara ||

4. kalêbu narendra nistha | akarya susahing dasih | tinilar ing garwanira | jamake arabi malih | kurang apa narpati | maliwis putih umatur | dhomas kwèhning pra kênya | para pêpingitan sêlir | tur sadaya sami putri ayu endah ||

5. nanging tan wontên kaetang | sumaksa nis tilar nagri | mênggah watawis kawula | ing nguni wontêna mirib | kadi paduka gusti | yakti tan kongsi anglangut | atilar purantara | ngandika sang kadi Ratih | êmbuh-êmbuh cakarwa

--- 127 ---

sira wicara ||

6. dene têka anglêngkara | dadia usadèng brangti | kaya paran warnanira | garwa kang alêbu gêni | matur maliwis putih | lir Krêsna kalawan Wisnu | gusti Kèn Dèwi Sêtya | lan paduka tunggal warni | angandika kusumèng Bojanagara ||

7. lawan gustimu sang nata | apa warnane asigit | apa anom apa tuwa | matur sang cakarwa putih | langkung dening apêkik | yuswane salawe taun | ling sang dyah kaot sapta | warsa lawan ngumur mami | ingsun mêne wus ana wolulas warsa ||

8. umatur cakarwa seta | nadyan kathaha para ji | kang kasongan ing akasa | kang kasôngga ing pratiwi | môngsa wontêna mirib | gusti kawula sang prabu | Mahraja Anglingdarma | dibyanung prawirèng wèsthi | wirotama mardawambêg santa budya ||

9. tur asakti môndraguna | pilih tandhing ing ajurit | angrèh para raja-raja | ambêg sudarma tur adil | paramarta ing dasih | kêtarta saliring kawruh | myang wasis ing srênggara | lalita datanpa tandhing | trahing tapa dhasar rêmbêsing kusuma ||

10. benjang yèn paduka krama | amiliha kakung gusti | kang kalêbêt ing saloka | kawan prakawis puniki | dhihin satriya kadi | rêtna kaping kalihipun | ingkang kadi kukila | punika yogya pinilih | kaping tiga satria kadi curiga ||

11. jangkêpe kaping sakawan | satriya ingkang pinilih | gusti kang kadi wanita | ngandika sang lir apsari | artènana maliwis |

--- 128 ---

siji-sijine liripun | matur kang ingujaran | têgêse kukila pêksi | pêksi siyung ingkang kinarya upama ||

12. apelag sagêd micara | punika liripun malih | satriya kadi wanita | kang luwês alus ing budi | liring curiga gusti | ingkang sae dhapuripun | kang manggèn tangguhira | satriya kadi rêtnadi | ingkang wêning ing driya ambêk pratita ||

13. gumujêng Rêtna Srênggana | myarsa aturing maliwis | dene ta kaya jêjanggan | wasise amradikani | cakarwa matur malih | gusti kawula Sang Prabu | Anglingdarma kang musna | punika ingkang nêtêpi | sacêthane saloka kawan prakara ||

14. narpa lalita jatmika | luwês ing tênaga manis | tanduking wicara marta | lêpas ing graita lantip | suramanggalèng jurit | tur asae wandanipun | trahing andana tirta | bapa raja ibu sori | eyang binagawan paman sinangarya ||

15. winonging para jawata | kêkasihing batharadi | sumarma para wanodya | samyasih kapati- pati | angandika sang putri | layak silih sira gunggung | ujêr bêndaranira | marma kêrêp dèn rasani | buh akale ratu atilar nagara || 16. matur malih sang cakarwa | dhuh gusti kusumèng puri | benjang yèn paduka krama | ywa arsa wong andhap alit | watak sok ambasiwit | lan sampun karsa wong punuk | watake butarêpan | sogol sugal lamun angling | budi kasap wus katôndha [katô...]

--- 129 ---

[...ndha] anèng pundhak ||

17. gumujêng kusuma rara | ginèndèng maliwis putih | dhuh ludhês payo anendra | sirèku kêkasih mami | aywadoh sira kêmit | ing dagan nulya sang ayu | minggah mring pasarean | ngandika sang kadi Ratih | nguni gustinira sang natèng Malawa ||

18. yèn dalu apa karyanya | umatur maliwis putih | angura basa rudita | ngandika malih sang putri | lah ta mara maliwis | sira anêmbanga kidung | tirunên gustinira | dimène sun aglis guling | tur sandika cakarwa angura gita ||

19. swararum lir guladrawa | kasmaran ing tyas sang putri | marlupa datanpa jiwa | myarsa swaraning maliwis | tan raga-raga pêksi | pasaja luwês ing têmbung | lalu acêcarita | lêlampahan mayat miring | amlasasih mêmalad asmarèng driya ||

20. Sang Putri Bojanagara | aniba ing tilamsari | tanbuh sotaning wardaya | yèn angucapa sang dèwi | mendah sri narapati | wignyane marang kêkidung | kakawin baya limpad | kêkasihe bae iki | acarita têka bisa ngalap jiwa ||

21. wangwang dyah kapati nendra | dening arip wus alami | tan antuk dhahar myang nendra | labêt kandhuhan wiyadi | wantuning dahat arip | supe kawiranganipun | klungsur kang kasêmêkan | pambayun kèksi sapalih | mênthêk-mênthêk asawang wila kancana ||

22. sang malih warna umiyat | kadi pêjah tanpa kanin | panglocitaning wardaya | paran polah [po...]

--- 130 ---

[...lah] ingsun iki | yèn awèta ningali | mundhak amêmanas kalbu | angur sun sasabana | dimène ngong aglis guling | ri saksana cinocor kang kasêmêkan ||

23. sangkin gumrêgêt ing driya | mulat ingkang mênis-mênis | ginigit panunggulira | kagyat awungu sang dèwi | ngandika hèh maliwis | aywa sira ganggu-ganggu | ingsun lagi anendra | karipan aja nocori | sang maliwis pêthak alon aturira ||

24. dhuh gusti botên anêdya | kawula wau salisik | tan wruh nucuk kasêmêkan | botên katêmaha yakti | ulun punika pêksi | minta aksama pukulun | manawi botên angsal | kawula anuwun pamit | angulari Gusti Raja Anglingdarma ||

25. Rêtna Srênggana ngandika | gawok- gawoke kang ati | ithik-ithik apamitan | bok aywa angadi-adi | ing sakawasa mami | maliwis sira sun ugung | lawan sun êla-êla | duk apa ingsun runtiki | alah uwis balia malih mring dagan ||

26. lah iya ingsun apura | maliwis kêkasih mami | sun samêngko arsa nendra | aywa sira nocor malih | mêngkarag awak mami | aywa sira ganggu-ganggu | balik ta andhêkêma | ing dagan ingsun prayogi | ngrêrêpia gita atêmbang pamêdal ||

30. Mijil

1. dènnya nendra dyah naga kapuntir | arêspati tinon | asta kiwa ngrêksa sêsinome | têngên ngrêksa pambayun kêkalih |

--- 131 ---

rakite aguling | prayoga tiniru ||

2. ngura gita sang maliwis putih | atêmbang pamiyos | sang dyah ayu sakeca asare | dèn uyu-uyu ing kidung kawi | wor sabda maladsih | sang maliwis baud ||

3. rêtnaningrum kapati aguling | sinjange kalongsor | wêntis kengis lir thathit gêbyare | kadi mayang mêkar sugôndamrik | sang awarna pêksi | mênggah-mênggah ngadhuh ||

4. sapa silih bisa aningali | maring kang mancorong | angur uga ingsun sasabane | sang maliwis agya nucuk tapih | arsa dèn sasabi | wêntise sang ayu ||

5. kagyat wungu anggagapi tapih | saryangling sang sinom | hèh maliwis apa ta marmane | ganggu-ganggu anocori tapih | saya mêjanani | solahe sun ugung ||

6. kaya wuru gênje si maliwis | lingnya kang binêndon | nuwun duka gusti gêgêbale | tan kajarag ulun tadhah runtik | atur pati urip | kawula ngrêmpêlu ||

7. kèksi solah duk anèng rêrawi | lêlangèn nênocor | ganggêng lumut kalawan tarate | kadrawasan wantune angimpi | têmah nocor tapih | anuwun bêbêndu ||

8. yèn tan antuk aksama kulamit | angruruh sang katong | Anglingdarma mring pundi parane | mèsêm nabda ri sang raja putri | pêgêle kang ati | ithik-ithik mutung ||

9. nora kêna dèn aruh-aruhi | nulyarêp ambolos | mung gustine kinaryojat bae | kang wis murud atilar [a...]

--- 132 ---

[...tilar] nagari | lamun sira arip | bok iyaa turu ||

10. sang cakarwa seta matur aris | dhuh gusti sang sinom | ulun mandyarip tan angsal sare | margi saking sru angraos atis | mèsêm sang sudèwi | amicarèng kalbu ||

11. iya ingsun dhewe ingkang lali | mring kêkasih ingong | sang dyah têdhak nyêndhal kêkampuhe | bathik sawat jalêngut sumampir | gandane mrik wangi | kinêmulkên sampun ||

12. lah ta uwis turua maliwis | sun kêmuli dodot | aywa sira guramah-guramèh | ngagèt -gèti unggwan ingsun guling | ujarira arip | wis turua mujung ||

13. kinêmulan kampuh sang maliwis | tan agop cinocor | amung kalih panginang suwene | kampuh sawat ajur ting saluwir | asru dèn cakari | ngandika sang ayu ||

14. ujarira arip de tan guling | maliwis turnyalon | kampuh punapa punika anggèr | dening gatêlipun anglangkungi | sang dyah ngandikaris | apik kumalungkung ||

15. mendahane kang aduwe dhihin | apike sang katong | ngon-ingone de kaya mangkene | apikira kanthi ngadi-adi | matur sang maliwis | paran bangkit turu ||

16. kampuhipun gatêl angrumabi | lingira sang sinom | lah matura ta maliwis putèh | kampuh apa kang sira karêpi | yakti sun turuti | kang liningan matur ||

17. lamun antuk pamintaning dasih | tan yun kêmul dodot | sasabana kasêmêkan bae | ingkang dhasar jêjingga

--- 133 ---

tinêpi | sang dyah ngandikaris | marenea gupuh ||

18. mliwis putih sira sun kêmuli | kasêmêkan ingong | iya sira kêkasihku dhewe | sang dyah menggal kasêmêkan ngambil | kang jingga sumampir | cakarwa umatur ||

19. aksamanta kawula tan apti | ngandika sang sinom | jarit apa sira karêpake | ujarira kang jingga tinêpi | anyar mêntas dadi | durung kanggo iku ||

20. pêpantêse nora anggudhigi | dene durung kanggo | ri sang malih warna pangucape | sinjang tigas watake ngrumabi | ngadate rumiyin | yèn kawula kêmul ||

21. tan lyan kêkêmbêning prawan sunthi | ingkang maksih kanggo | nadyan ciyut karaos angête | lumrèng wônda anêrus ing ati | ulun nuwun runtik | dahat kamipurun ||

22. angandika risang mindhasari | ya kêkasih ingong | marenea ingsun kêmulane | sira iku luwih ngadi-adi | sang amalih warni | anakêt sumrunthul ||

23. sarya matur wuwus ngasih-asih | dhuh murtining sinom | nuwun duka gusti gêgêbale | sok anglindur rongèh anyakari | ngandika sang dèwi | ya kêkasih ingsun ||

24. anglindura manira alimi | nging aywa nênocor | lah turua sandhingong ing kene | sun kêmuli ing kêkêmbên mami | beda apa jarit | kêmbên lawan kampuh ||

25. alon matur sang cakarwa putih | kalangkung aseos | kampuh lawan kasêmêkan anggèr | nadyan ciyut ulun kalosodi |

--- 134 ---

angêt trus ing ati | kang kagêm dewarum ||

26. nadyan samia kakêmbên gusti | yèn kawula anggo | dhewe yakti asangêt atise | yèn satugêl sewang lawan gusti | angêt maradini | ngling kusumaning rum ||

27. si maliwis sangkin ngadi-adi | kêkêmbên sun anggo | kang jinaluk apa ta bedane | bok iyaa singa ingkang jarit | sang amalih warni | saksana atuhu ||

28. nanging suptanira api-api | muhung sang lir sinom | kang kacipta anèng jro nalane | unandikanira sang maliwis | sarea tumuli | sang dewaning arum ||

29. sang dyah ayu anèng kulon guling | cakarwa setawor | anèng wetan gêguling prênahe | langkung yitna sang kadi apsari | marna ngati-ati | dene sok anglindur ||

30. rêtna dèwi angandika aris | maliwis ing mêngko | aywa nunggang guling anèng kene | ingsun jêngkangake sira yakti | api-api nglilir | sang maliwis matur ||

31. inggih môngsa kajaraga gusti | sampun watak ingong | lamun tilêm anglindur luwange | yakti minta aksamaning gusti | kawula ing nguni | sapisan anglindur ||

32. nèng Malawa ginugah ngong dening | ingkang para sinom | garwanira Sri Anglingdarmane | agring tigang warsa mèh ngêmasi | sang sri narapati | dukane kalangkung ||

33. duk samana kusumaning puri | wus guling kapatos | lir kataman sira ing sirêpe | gêlung lukar gandanira amrik |

--- 135 ---

sang amalih warni | tyasira swuh rêmpu ||

34. mulat rêngat-rêngating lêlathi | kang waja sumorot | amantêsi ewah pêpilise | waktra sawang Hyang Warawirasmi | kang warna maliwis | amicarèng kalbu ||

35. iki si wong ayu mêrak ati | kuninge mancorong | amantêsi lawan lêlewane | baya iki panuksmaning Ratih | bisa awèh kingkin | angrêrujit kalbu ||

36. sayut driya sang mancala warni | swuh tyasira kepon | tan darana sah saking ênggène | anungkêmi sasêla-sêlaning | pambayun kêkalih | gêguling kapungkur ||

37. kasêmêkan pinancal malêsit | wangwang nocor sinom | sêlaning pambayun pandhêkême | liningling-lingling manguswa wèni | ciptanirèng galih | lir amanggih madu ||

31. Dhandhanggula

1. sang dyah ayu dènira aguling | datan èngêt ing purwadaksina | cinocor-cocor lathine | wradin badan sakojur | sinarusur dèn osak-asik | sêngkang panata brôngta | malah kongsi runtuh | cakarwa anocor grana | sang rêtnayu kagyat wungu wangwang linggih | kamantyan dukanira ||

2. sumung-sumung angandika wêngis | baya sira anginum waragang | sakama-kama polahe | mêndêm gênje lan gadhung | baya sira kaworan baring | apa maliwis wiwal | têka angrêrangkut | tinggal patêmbayèng ngarsa | ya pagene sira ngliwati gêguling | anggêpok wandaningwang ||

3. dumèh apa anocori [ano...]

--- 136 ---

[...cori] kuping | pêdhês lir dèn antup ing kalabang | edan taun sira kuwe | pagene nocor irung | ambêkanmu malêbwèng kuping | aranmu dudu janma | polahmu ambêsur | calunthangan ora prênah | têka wani anggêpok sarira mami | korêngkuh apanira ||

4. nambut patrêm saksana tinarik | ingayatkên maring sang cakarwa | sarya sru pangandikane | dhuh sun sudhèt wadhukmu | lah mêtua sira dèn aglis | aywa sandhing lan ingwang | ing jogan ênggonmu | sang malih warna tumêdhak | maring jogan akêkipu asalisik | wuwuse mêlas- arsa ||

5. gustiningsun baya maring ngêndi | Anglingdarma raja ing Malawa | binaktaa kawulane | iki pinanggihipun | laraning wong asalin gusti | ngawula ing wanodya | kêrênge kalangkung | nora darbe pangaksama | mèh bae sun mati sinundêp ing kêris | patrêm braja sutiksna ||

6. lara têmên rasane kang ati | tinêmune wong salin bêndara | kaya mangkene dadine | ing nguni raganingsun | nora nêdya ngawulèng putri | ana ing Wanasêkar | eca adhêdhukuh | sang natèng Bôjanagara | kaniaya ingsun pinundhut mring puri | wêkasan piniroga ||

7. gêgêbale dahat kawlas-asih | babo gusti raja Anglingdarma | baya mring ngêndi parane | andikane rumuhun | dahat asih mring pun maliwis | ing mangke kalampahan | tinilar anglangut | yèn paduka sampun lina | binaktaa gusti pun maliwis [ma...]

--- 137 ---

[...liwis] putih | dewa banjutên ingwang ||

8. kusumayu sru angrês ing galih | amiyarsa wuwusing cakarwa | sinarungakên patrême | ri saksana tumurun | amarani ing sang maliwis | rinapwèng basamarta | saryèngêlus- êlus | alon pangandikanira | hèh cakarwa ywa sira sambat ing gusti | angrês ati manira ||

9. dahat gawok-gawoke kang ati | ithik-ithik asambat bêndara | kang anis tanbuh parane | baya wis ajur mumur | gustinira sri narapati | Mahraja Anglingdarma | kang lunga anglangut | pasthine wus basah lungkrah | sun dukani gêguyon nuli apurik | kadar sira wis apa ||

10. sang cakarwa wuwuse mlas-asih | marma ulun mêdal maring jogan | saking agnya padukanggèr | wontêna setan ganggu | patrêm tiksna yakti mêjahi | lamun sampun palastra | punapa pinadu | larane wong angawula | manggih sisip sakêdhik tan dèn maklumi | malar sru rinuntikan ||

11. benjang-enjang kalilana amit | sakathahing kalêpatan amba | dèn aksamaa nah anggèr | kularsa kesah nglangut | nusul gusti sri narapati | Nglingdarma ing Malawa | pêjah gêsang tumut | sang putri maras ing driya | ngandikalon sarwi ngrangkul sang maliwis | aku môngsa awèha ||

12. iya ingsun ora maning-maning | andukani mring sira cakarwa | aywa lunga-lunga bae | wis kapok têmên ingsun | nora mindho ngong angruntiki | lamun sira tilara |

--- 138 ---

paran polah ingsun | agawe rasaning driya | sun têtêdha pinrêpa ing suka sugih | sinaraba ing bagya ||

13. wus binakta sang maliwis putih | minggah manjing jroning pakasutan | sang dyah malih andikane | mara turuèng kasur | ingsun apit-apit ing guling | lan sun ukupi kêmbang | ingkang bantal sungsun | matur sang cakarwa seta | luwangipun duk anèng Malawapati | yèn kawula anendra ||

14. sri narendra tan wani anangi | lamun kawula sampun anendra | yèn dèrèng praptèng wangêne | datan tangi sataun | yèn kaparêng agêlis tangi | sapanginang kewala | garegah awungu | lamun kawula ginugah | kagèt lajêng agring malah arsa mati | sangêt apês kawula ||

15. duk kawula anèng Mlawapati | lamun lêkas nendra kinêbutan | dening pra garwa-garwane | sang putri ngandikarum | ingsun dhewe kang angêbuti | nanging pamintaningwang | aywa sok amutung | kukus gunung kinapakna | kêndhal jêram kadêrêng-dêrêng wak mami | kudu asih ing sira ||

16. sang cakarwa api-api guling | Hyang Aruna kongsi wus tumambang | sang putri kewran ing tyase | dènira arsa mungu | miwah sampun kandhahan brangti | marang Sri Anglingdarma | kasmaran ing kalbu | saking pawarta kewala | dadya muhung Buminatèng Mlawapati | kang tumunjêm ing nala ||

17. sang rêtnayu amicarèng galih | kaya paran don ingsun anggugah | ki maliwis lagi sare | sun oyog yèn anjumbul |

--- 139 ---

yakti têmah apurik malih | arsa sun kêlonana | ngadate ambêsur | arsa sun gèndèng kewala | bok karangkat runtuh atine ngêmasi | ingsun ingkang kelangan ||

18. lir kandhuhan wiyadi sang dèwi | tansah nglingling sang cakarwa seta | wangwang aris wacanane | cakarwa yèn sun dulu | wadanane mancur nêlahi | mendah natèng Malawa | baya ta binagus | maliwis sira tangia | wus raina sêsaosanira prapti | agung sira pangana ||

19. sang cakarwa datan angulisik | eca dènnya api-api nendra | sang dyah tinon sasolahe | awungua dèn gupuh | sira ki mas maliwis putih | ingsun arsa asiram | maring taman santun | ginugah nora ngandika | mendahane sang prabu ing Mlawapati | nalikane anendra ||

20. maliwise kewala ngluwihi | lembonira ginugah tan obah | sang rêtna pêgêl driyane | mengo wangwang alungguh | sôngga uwang micarèng ati | sambat natèng Malawa | dene ta anglangut | Si Jênat age praptaa | maring wismaningsun maliwise putih | ginugaha priyôngga ||

21. nora bisa têmên awak mami | dhuh sang prabu ing Malawapatya | amomong mring kêkasihe | angkuhe lir tumênggung | nora kêna kagèt sathithik | upama kalakona | kagèt banjur mutung | apa kang ingsun têmpuhna | tanbuh polahira Kèn Srêngganawati | lir sata matarangan ||

22. sing liwung ing tyas [tya...]

--- 140 ---

[...s] sabda kawijil | sambat-sambat Prabu Anglingdarma | dadya sang cakarwa pinge | pinindha sang aprabu | sang dyah ayu ngandika aris | pukulun awungua | mantri punggawa gung | wus andhèr nèng purwasana | umiyosa siniwakèng para mantri | cakarwa êntyarsèng tyas ||

23. dyan jumênêng wau sang sudèwi | api-api makundhah ing tilam | cakarwa dahat krêdyate | dhuh anggèr marmanipun | dhawah kenging punapa gusti | sang dyah aris ngandika | sumingêb panonku | sumumpêl rasaning driya | yun maoni sêsinjang ingsun anuli | kasarimpêd ing wastra ||

24. sukur lamun botên kêdhah-kêdhih | kadyaparan upama pêpêsa | kang buja mendah dukane | sang nata pasthi ulun | pinêjahan dening sang aji | tiwas ambaurêksa | sang dyah ngandikarum | sun arsa siram mring taman | sira ingsun gawa arsa ngong jamasi | aran kêkasih ingwang ||

25. ingsun dhewe ingkang ngujamasi | alon matur sang cakarwa seta | datan lênggana abdine | nanging paminta ulun | sampun wontên wong kang udani | yèn ngujamasi amba | anèng don kang brukut | sang dyah anggarjitèng nala | dyan binopong maliwis binêkta mijil | saking jro pasarean ||

26. angandika maring para nyai | ingsun biyang arsa maring taman | asiram saosa age | lôndha kalawan lulur | patêlêsan miwah pisalin | tinômpa ing pawongan | umentar sang ayu | ginarêbêg ing parêkan | sang maliwis seta ibêre [ibêr...]

--- 141 ---

[...e] tan inggil | angungkuli sang rêtna ||

27. tan antara dangu sampun prapti | jroning taman ri sang malih warna | tumutur tan doh sanane | lan kusumaning ayu | wau ri sang rêtnaning puri | darbe botrawi wiyar | binata linuhung | kinubêng ing pagêr bata | dwaranira kupu tarung ciri panji | kanthi rêtna kumuda ||

32. Kinanthi

1. yèn minêb kadi angrangkul | kalamun mênga kang kori | isthane lir sêsamayan | kusuma Srêngganawati | praptèng jawining gapura | wus mengo sang dyah umanjing ||

2. maliwis putih tumutur | tan kêna sah lan sang putri | kori wus minêb sang rêtna | saking jro aglis angunci | pawongan samya nèng jaba | tan ana tumut sawiji ||

3. ana ngalor ana ngidul | wênèh padha ngalap sari | ana ingkang apêpetan | dhêdhakon wênèh cêngguring | warnanên kusuma rara | kang siram anèng botrawi ||

4. nabdarum wijiling wuwus | lah mara maliwis putih | ingsun kujamasi sira | umatur sang malih warni | dhuh anggèr inggih sandika | yèn gusti asih ing abdi ||

5. jêjambul paduka dudut | sampun taha-taha gusti | sang ayu sigra anyandhak | jambule maliwis putih | kinramasan sinurenan | roning tal kang mawi tulis ||

6. munggwing gêgêlung kadaut | sirna warnaning maliwis | apurna jati manusa | sang dyah anjêngêr tan angling | ciptane tan anupêna | mulat satriya apêkik ||

7. lir Kamajaya anurun | pamulu jatmika [jatmi...]

--- 142 ---

[...ka] wingit | sang ayu micarèng nala | iki satriya ing ngêndi | anèng kene tanpa sangkan | alinggih ing ngarsa mami ||

8. kalawan kêkasih ingsun | si cakarwa anèng ngêndi | ilange tanpa karana | tanbuh solahe sang putri | arsa atêtanya merang | rumaos lamun pawèstri ||

9. sang nata wikan ing sêmu | yèn sang dyah merang ing galih | aris dènira ngandika | dhuh gusti sang lir apsari | suwawi kujamasana | baya ta andika pangling ||

10. adarbe dasih maringsun | kawula maliwis putih | apurna jati manusa | marga saking kusumadi | punapa sun walêsêna | dhumatêng laksmining puri ||

11. padhêma ping sapta durung | timbang wêwalês ing dasih | maksih ugi kasambutan | atur kawula maskwari | salami ulun agêsang | tulusa kawula ngabdi ||

12. sang ayu datanpa muwus | graitanira ing ati | apa têmêna si jênat | dadine maliwis putih | dene têka anglêngkara | maliwis arupa janmi ||

13. wasana nabda sang ayu | têmbe mriksa lagi uning | maliwis dadi manusa | sira pajara sayakti | apa êjin parayangan | apa dewa suranadi ||

14. lamun manusa satuhu | ing wingking pundi nagari | ing ngajêng pundi sinêdya | sintên kang pinudyèng krami | sang inujaran lingira | ulun wong Malawapati ||

15. tan wontên sinêdyèng kayun | kang sudyarsa amastani | Maharaja Anglingdarma | ing nguni jumênêng aji | ing mangke kawêlas-arsa | malah awarni maliwis ||

16. margi kawula [kawu...]

--- 143 ---

[...la] tinênung | dening putrining rasaksi | ing mangke kawula mulya | margi saking kusumadi | sang dyah amicarèng nala | tan linyok rasaning ati ||

17. duk maksih arupa manuk | pangrenahe nglêliwati | cilik nanging sugih akal | pangarahe miyatani | sang dyah sangsaya kagagas | brangtanira sampun lami ||

18. trêyuh ing tyas myarsa wuwus | sira Sang Anglingdarmaji | sariranira marlupa | kusuma Srêngganawati | wanodya sêdhêng diwasa | sinandhing satriya pêkik ||

19. kamanisên ing pandulu | karoban ing sabda manis | amêmalad ing kung rimang | tumêmbe pratisthèng galih | sakamantyan suka ing tyas | umatur saha wotsari ||

20. lamun sambada ing kayun | kula matur ing ramaji | kadi karênan ing nala | tangèh yèn mandea runtik | kapanggih lawan andika | sawastu arsanèng galih ||

21. Raja Nglingdarma amuwus | dhuh mas mirah awak mami | tan kêna kulinèng praja | sinangsaya ing dewadi | sung inguni sinupatan | dening Uma lawan Ratih ||

22. winalêran wolung taun | tan kêna ngambah nagari | yèn sira trêsna maringwang | kang sarta pêthuk ing kapti | siyang ngong warni cakarwa | yèn dalu sun rupa janmi ||

23. sang rêtna mindêl tumungkul | èmêng karoban ing kingkin | sri nata datan darana | sinambut sang kadi sari | rinungrum kinuswa-kuswa | kinidungan purwakanthi ||

24. dhuh gusti nayakaningrum | wong ayu rêspati manis | mrak ati

--- 144 ---

bisa tênaga | tênagane milangoni | kang ati sampun kajarah | kajarah ing ulat liring ||

25. liringira pait madu | madune sakèhing sari | sari ingkang warna-warna | sataman sampun asêpi | sêpine samya ngalêmpak | wus koyup ing sira gusti ||

26. mirah kawulatur lampus | sumôngga ing rèh sang dèwi | gusti swanèngsun ngawula | kawulane tadhah runtik | rêrujitên raganingwang | sang ayu ngêdohi liring ||

27. ingaras atangkis gêlung | layon mawur gandanyamrik | sinambi ta ngayang-ayang | swanitanira drês mijil | sariranira marlupa | mari anggarut anjiwit ||

28. ngêsah sambat rama ibu | sang nata sangkin angrêmih | lir brêmara nguswa sêkar | marwasèng sari akincip | mamrih rêmbêsing sarkara | sinawung sabda maladsih ||

29. dhuh anggèr sang murtiningrum | dasihe ngalaya bumi | midêr anjajah nagara | iya sira sun ulati | titise Kèn Dèwi Sêtya | sêsotyèng Malawapati ||

30. ingaras-aras sang ayu | munggwing têtirahing bèji | ginunturan ing srênggara | muwah ing gita pangrêmih | ri sampunira sêsotya | asalin wastra sang dèwi ||

31. dhuh gusti wangsulna gupuh | roning tal kang mawa tulis | dêdimène raganingwang | wangsul arupa maliwis | sang ayu umatur nêmbah | bok sampun amalih warni ||

32. bosên myat maliwis jambul | wus lalita dadi janmi | suwawi marêk ing rama | kalamun duka ramaji | kawula atalang jiwa |

--- 145 ---

lingnya Sang Anglingdarmaji ||

33. yèn arupa janma ingsun | nora awèt andêdasih | marang andika kusuma | yèn ingsun rupa maliwis | awèt atêngga andika | tutug ing pangabdi mami ||

34. lah mara yayi dèn gupuh | wangsulna ing gêlung malih | roning tal kang mawa citra | ugêrên lan rema mami | Srêngganawati saksana | nyandhak ron tal awotsari ||

35. kawula nuwun sang prabu | luputna ing tulah sarik | kang tênung sampun pinasang | sakala warna maliwis | sang putri gawok ing nala | dhuh gustiningsun kiyai ||

36. sanadyan rupaa manuk | apantês dadi narpati | pantês sinewa ing wadya | cahyane mancur awêning | nanging medane sajuga | manggung ngarah-arah pipi ||

37. Rêtna Srênggana umatur | ing raka saha wotsari | kawula minta aksama | sisip kawula kèh kêdhik | sang malih warna lingira | mirah aywa pindho kardi ||

38. lah suwawi sami mantuk | aywa kasuwèn nèng bèji | sang ayu sigra angêmban | maliwis winawa mijil | cèthi parêkan atarap | saos nèng pipining kori ||

39. inya Jalamprang umatur | dhuh gusti sêkaring puri | kawula ingkang angêmban | kêkasih dalêm maliwis | sang putri aris ngandika | nora wèh manawa purik ||

40. awit cêpak nêpsunipun | duk mau mêntas abudi | biyang payudaraningwang | dèn sabêti ing suwiwi | alêsu sariraningwang | sêkar pamijil gumanti ||

33. Mijil

1. biyang

--- 146 ---

inya payo padha mulih | mangkat para sinom | rêtnaning dyah aris ing lampahe | mliwis seta ingêmban pribadi | parêkan bêbisik | lawan rowangipun ||

2. bibekane karane punapi | gusti sang lir sinom | sru kasêngsêm mring maliwis putèh | malah supe marêk ing narpati | amung sang maliwis | syang ratri pinangku ||

3. tan adangu ing kaputrèn prapti | sang ayu wus lunggoh | angandika hèh biyang dèn age | yasakambang pajangên tumuli | ingsun mêngko bêngi | arsa guling ngriku ||

4. anênêdha mring dewa linêwih | muga raganingong | akramaa narendra ing têmbe | ingkang anom listyalus ing budi | inya awotsari | mojar awor guyu ||

5. gustiningsun sêdhênge birai | ayune kinaot | sampun dawêg mawi akramanggèr | mèsêm nabda kalêngkaning puri | sun arsa sêmèdi | aywana tumutur ||

6. miwah sagung parêkan lan cèthi | aywa milu mring ngong | karia ing dalêm gêdhe kabèh | ingsun sare ing kambang pribadi | inya para bibi | sandika turipun ||

7. yasakambang kinarawisthadi | pinajang sri tinon | Hyang Aruna mèh surup wayahe | wus manitih udayaning wukir | sasôngka gumanti | padhange sumunu ||

8. wus samakta pasarean adi | ngandika sang sinom | hèh cakarwa muhung sira dhewe | ingkang milu mring kambang akêmit | sang amalih warni | sandika turipun ||

9. wus tumêdhak Kèn [Kè...]

--- 147 ---

[...n] Srêngganawati | maliwis binopong | para inya samyandhèrèkake | praptèng kambang sadaya wis bali | dwara dyan kinunci | mung dewaning ayu ||

10. karoron lan sang amalih warni | sang dyah ngandikalon | jêlèh bosên sun miyat jambule | sang cakarwa alon anauri | punika jêng gusti | jambul tunggu umur ||

11. sang dyah mèsêm umatur ngabêkti | aksamanên ingong | kumawani anyandhak jambule | tênung pinèt tandya salin warni | wus amulya janmi | lir asmara nurun ||

12. kagyat ing tyas nayakaning manis | manatmatèng katong | cêngêng mulat ing wil kasaktène | sang nata ngling baya tan arjoni | tumingal ing dasih | sêmune lir ngungun ||

13. kadi ewa umulat ing dasih | matur sang lir sinom | sarwi nyiwêl kang raka wêntise | ywa paduka kajêron ing tampi | gawok aningali | kasaktèning diyu ||

14. lan duryasanirèng ditya èstri | sutaning wil katong | amunjuli manusa saktine | sri narendra angandika aris | uwus pakartining | ditya lumakwèng dur ||

15. janma bangkit lêwih saking iki | nanging tan anganggo | mamrih syarda ing sama-samane | sang dyah mèsêm sarya nyêndhal liring | kakung angrakêti | sarya ngaras gêlung ||

16. sang dyah canggèh amêmanas ati | winawèng paturon | dhasar kênya sêdhêng biraine | gêgitêle tan pae gurimis | manggih priya pêkik | lir

--- 148 ---

kupu atarung ||

17. ginunturan ing srênggara manis | sang ayu kalêson | tan kuwawanggulawat anggane | sinarèkkên ing kêkasur sari | sang dyah kongah-kangih | sru maras ing kalbu ||

18. tan winarna langêning maladsih | nèng tilam karoron | sri narendra lan Kèn Srêngganane | wus katulan sotaning abrangti | sang rêtna anuli | pinangku ing kakung ||

19. sinrênggara kusumaning puri | kinuswa tan agop | sare anèng pangkoning kakunge | sri narendra angura rêrêpi | asêkar pamijil | winor ing pangrungrum ||

20. sangkin lulut sang mindha apsari | kang mêntas kaluron | sinrênggara eca dènnya sare | anèng pangkon tumulya ingêlih | kalihan aguling | munggwing jinêm arum ||

21. praptèng enjing wau kang aguling | awungu karoron | mring patirtan asalin wastrane | wusnya turuh sigra sang narpati | anambut sang dèwi | wangsul ing gènipun ||

22. tan winarna solahe sang dèwi | kalawan sang katong | lamun siyang rupa mliwis putèh | ratri kala malih warna janmi | sang dyah dahat asih | tumêkèng sakayun ||

23. êmbanira tan ana udani | solahe sang sinom | awit dening kamantyan sandine | kongsi nyidham wus antuk sêsasi | sagung para bibi | tan ana kang wêruh ||

24. wênèh para nyai abêbisik | ing panduluningong | bibèkane sang rêtna ing mangke | sarirane kêndho cahya nglêntrih |

--- 149 ---

lawan awis mijil | apa baya rapuh ||

25. samangkana ing alami-lami | kang anggung kalangon | kadêrêsan ing madu pamane | mèsi pandhoga kang pandhan sari | sangkin angantrani | rusak ling lêlangun ||

26. cahya wênês ijo asmu putih | mêkar ingkang wangkong | mênga sêsupiting darijine | jaja mungal madya mari wangking | wônda kêndho tuwin | pambayun agêmuh ||

27. ênêngêna kang lagya samyasih | gantya winiraos | Raja Darmawisesa kalane | pinarak ing natar lan garini | soring nagasari | siniwèng pra arum ||

28. manggung miwah katanggung sumiwi | ngandika sang katong | yayi sori paranta wadine | putrinira lawas tan kaèksi | dingarèni putri | tan marak maringsun ||

29. kongkonana mariksa tumuli | sandiyèng tyas ingong | bokmanawa kambah ing rogane | ni Sèbêtan saksana tinuding | mring kaputrèn prapti | tan panggih sang ayu ||

30. anèng kambang tan arsa manggihi | alêlingse angloh | bok Sèbêtan wangsul age-age | nêmbah matur ing narpa garini | sang dyah tan manggihi | ing caraka prabu ||

31. yayi sori sira dhewe bêcik | mênyanga têtinjo | bokmanawa lara sayaktine | lumaksana ri sang pramèswari | pra cèthi umiring | ing kaputrèn rawuh ||

32. sigra mêthuk sira sang sudèwi | mring ibu wotsinom | pramèswari aris andikane | apa sira gêrahake [gêraha...]

--- 150 ---

[...ke] nini | dene amanglingi | warnamu sun dulu ||

33. anglêlêntrih wadanèsmu putih | mêkar ingkang wangkong | paranbaya ni putri rogane | padha mênga supiting dariji | sang dyah awotsari | kawula tan rapuh ||

34. lami ulun angirang-irangi | badan sangêt abot | pramèswari anggraitèng tyase | lir wong nyidham manira tingali | warnane ni putri | sampêlah tyas ingsun ||

35. de ni putri durung mawa krami | adhuh putraningong | mara ta lah ingsun garayange | dyah lênggana ri sang pramèswari | amêksa ing siwi | netya masmu rêngu ||

36. tan darana anyandhak ing siwi | mindra ni sang sinom | dyan cinandhak lambung lêlêngise | pramèswari anjola saryangling | adhuh nini putri | tan linyok ujarku ||

37. mau mula wus anyalawadi | katura ing katong | mendahane silih dêdukane | sang dyah merang palarasan nangis | sêsambat dewadi | banjutên ragèngsun ||

38. pramèswari mojar ngarih-arih | nini putriningong | aywa mular mung wartaa bae | sapa rowangira nèng jinêm mrik | apa ta wong mantri | pratiwa tumênggung ||

39. muwah apa lurahing kapilih | apa satriyanom | payo sira awalèha bae | sang dyah sangkin sru dènira nangis | tan arsa nauri | patanyaning ibu ||

40. kongsi dangu dènnya ngarih-arih | sang ayu ngalosod | pramèswari apêgêl driyane | wêlas dhatêng tanaya nglud nangis | tan bangkit ningali |

--- 151 ---

palarasan mundur ||

34. Durma

1. praptèng ngarsa nata anungkêmi pada | lara-lara anangis | dhuh dewa narendra | paduka katiwasan | pêpêthetan pandhan sari | mèsi pandhoga | kang sinêngkêr ing puri ||

2. krêdyat ing tyas sang nata tan angandika | krodha mawinga wêngis | kadya anuwêka | janma kang tanpa dosa | dhêdhêp sagung para manis | ajrih umiyat | dukanira sang aji ||

3. gêrêng-gêrêng lir sardulantuk bayangan | sambitanirang putri | inya lan parêkan | sadaya tinimbalan | andhèr ing ngarsa narpati | asru ngandika | hèh sakèhing pawèstri ||

4. lamun sira arsa urip umatura | maringsun kang sayakti | payo aranana | kang saba jroning pura | sadaya matur wotsari | anuwun duka | suka dhumatêng pati ||

5. datan wontên priya kang saba ing pura | kawula tan andugi | solahe sang rêtna | bilih jin parayangan | kanthinipun nèng jinêm mrik | putra paduka | rêmên muja sêmèdi ||

6. bilih dewa ing suralaya tumêdhak | wor lulut lan sang putri | lamun manusaa | yakti wontên uninga | èmêng tyasira sang aji | sun patènana | pamomonge ni putri ||

7. tiwas mati durung karuwan yèn ala | sun pupus awak mami | kang tiwas cacaya | mring rumêksaning putra | dyan ngagnya nimbali Patih | Jêksanagara | praptèng byantara aji ||

8. makidhupuh ngandika sri naranata | hèh patih jroning [jro...]

--- 152 ---

[...ning] puri | sinaba ing dhustha | sakti nyidra asmara | undhangna ing para mantri | myang wadya-wadya | sapa kang nyêkêl maling ||

9. ingsun ganjar ing Bojanagri sasigar | rabia putri adi | sarta jumênênga | prabu anom wismaa | loring pasar nindya mantri | matur sandika | manêmbah sigra mijil ||

10. praptèng pagêlaran warta mring punggawa | karsane sri bupati | sru gumun sadaya | maring saktining dhustha | wus dadya sayêmbaraji | dhawuh ing kathah | misuwur wong sanagri ||

11. sru gambira sakèhing para pratiwa | sadaya sanggup wani | wus samya sawega | sabusananing yuda | wadya kapêtêngan kêrig | sami agahan | angrasa antuk kardi ||

12. ngandêlakên sura kadigdayanira | kajinêman angrakit | ana sikêp pêdhang | tamèng miwah talêmpak | towok panah lawan lêmbing | kang rada lancang | babrêngose pinidih ||

13. wus samanta dupi suruping raditya | prajurit para mantri | myang wong kajinêman | miranti jroning pura | sagung punggawa nèng jawi | sawadyanira | samya angati-ati ||

14. kawarnaa ingkang tansah pêpasihan | Nglingdarma lan sang putri | matur sang lir rêtna | pukulun paran karsa | ing mangke sajroning puri | gung binarisan | ing wadya lan pra mantri ||

15. timbalane ramendra kinèn nyêpênga | maling kang sabèng puri | Raja Anglingdarma | mèsèm aris ngandika | dhuh gusti aywa kuwatir | têka sarea | sun têmonane yayi ||

16. kajinêman ingkang sanggup nyêkêl ingwang |

--- 153 ---

tanapi para mantri | sang ayu tan suka | bilih kaparèng tiwas | amêksa sri narapati | sawijilira | sarwi amatak aji ||

17. lêlimunan lan sêsirêp pulunggana | kang arsa nyêkêl maling | sagung kajinêman | myang para mantri aglar | ing siti sami aguling | tan mawi tata | mèsêm kang lampah sandi ||

18. nambut lading kajinêman cinukuran | babrêngose nyasisih | myang jêjenggotira | katgane sinêndhalan | sadaya samyanggundhili | ingkang satêngah | bêbathuke tinulis ||

19. kunir apu lawan angus cinorengan | ana kang dèn sisigi | wênèh cinukuran | rambutira sadaya | sawênèh amung sasisih | kang pinarasan | alisira barêsih ||

20. para mantri wastranira binuwangan | tan ana kang ngulisik | mrih kawirangannya | sampun tatas raina | sadaya kagyat atangi | kari saruwal | pêdhang kêris siranting ||

21. sami alok-ingalokkên padha rowang | wênèh suka ningali | marang rowangira | gundhule pêpulasan | kajinêman samya giris | dene kang ngendra- | jala kalangkung sakti ||

22. kawan dasa kajinêman kathahira | siji tan nyangklang kêris | wus samya rêmbagan | kalawan kancanira | payo matur mring ki patih | nyata kawasa | maling kang sabèng puri ||

23. kajinêman wus mijil saking jro pura | aglar ngarsaning patih | atur pêjah gêsang | kya patih angandika | kabèh kajinêman anjing | datanpa karya | tandange [tandang...]

--- 154 ---

[...e] angajrihi ||

24. tênagane yèn rina lir saradula | babrêngos watês kuping | mêmêdèni bocah | polahe lir barongan | yèn ginanjar ing sang aji | sanggup maludag | babrêngose pinuntir ||

25. kajinêman sadaya konjêm ing kisma | tanna bisa kumêcip | ki patih sawega | dening dhustha kawasa | ing sabên ratri pra mantri | tugur ing pura | ing jawi pra prajurit ||

26. sapta ari sapta ratri tinuguran | ing jawi dèn ambêngi | akathah kacurnan | kang sami kasamaran | padha rowange pribadi | miwah kang pêjah | sinidhêp maling sakti ||

27. èmêng ing tyas Kya Patih Jêksanagara | myarsa aturing mantri | gya tumamèng pura | praptaning byantarendra | manêmbah anindya mantri | atur têtêkan | tiwase ingkang abdi ||

28. sakalangkung saktine kang duratmaka | tan mawi tilas maling | sang nata ngandika | gawoke atiningwang | dene sandi mamrih sari | angrusak kênya | baya satriya ngêndi ||

29. gawe solah akarya lingsêming praja | digung dir yèn asakti | hèh patih lungaa | sira angupayaa | sraya kang anyêkêl maling | ganjaraningwang | nagara lawan putri ||

30. ingsun patih wus pracaya marang sira | poma dèn olèh kardi | asuku adhadha | aywa muliha patya | yèn sira tan labdèng kardi | sirambanjura | munggah srêngganing wukir ||

31. wong atapa ajar-ajar lan jêjanggan | atanapi wêwasi | gocara manawa | sanggup anyêkêl dhustha | iridên [iridê...]

--- 155 ---

[...n] ing ngarsa mami | matur sandika | nêmbah kya patih mijil ||

32. saking pura andarung lampahirenggal | praptèng wisma asalin | busana lungsêdan | Patih Jêksanagara | abusana sarwa langking | anamur kula | tan amawa wong siji ||

33. sah ing ratri sing praja Bojanagara | nglintangi tepis iring | lêpas lampahira | narajang wanawasa | sumêngka ing gêgêr iring | tumrahing jurang | rèjèng parang tumawing ||

34. murang marga lampahe mantri wisesa | datan mundur ing wèsthi | sumêngkèng ngaldaka | tanna etang durgama | anasak ing wana giri | tanah ing Boja- | nagara wus kawingking ||

35. Pangkur

1. nêngêna kang lumaksana | kawuwusa radyèng Malawapati | saanisira sang prabu | saking ing prajanira | dahat orêm ing praja lan dhusun-dhusun | pragnya sagunging punggawa | kawulawarga gêng alit ||

2. rusak nagri ing Malawa | duk samana Kya Patih Bathikmadrim | ginubêl ing punggawa gung | pra santana satriya | ulubalang prajurit para tumênggung | pênuh sumiwa ing ngarsa | turira pra samya nunggil ||

3. ing mangke kadya punapa | salamine sang nata nandhang wingit | larang pangan kang tinandur | tan ana ingkang mêdal | larang sandhang susah manahing wadya gung | suwawi andika marak | matur ing gusti sang aji ||

4. manawi wontên kinarsan | putri adi sabrang myang tanah Jawi | kawula tinuduh purun | suka praptèng antaka | yèn awèta tan sinewa sang aprabu | ing Malawapati rusak |

--- 156 ---

kang wadya sami prihatin ||

5. ing mangke sampun alama | kadi sampun nir andriya ing padmi | Bathikmadrim tan amuwus | pangartikèng wardaya | angrojongi ature kang punggawa gung | dyan minggah ing pêpanggungan | arsa marêk ing narpati ||

6. lan Radèn Andayaningrat | praptèng panggung sang nata tan kapanggih | wus alami tilasipun | anisirang narendra | sigra têdhak kya patih saking ing panggung | sapraptanira ing ngandhap | anjêtung asêmu tangis ||

7. angucap nutuh sarira | tiwas têmên don ingsun dadi patih | ambaurêksa sang prabu | murca datan uninga | para mantri sadaya sami amuwun | dhuh gusti sri naranata | tega atilar nagari ||

8. sakèhing para santana | samya mular sêsambat lir pawèstri | wênèh manahe garuwung | anjêngêr tanpa ngucap | Arya Wijanarka asru dènnya muwun | tuwin Dyan Andayaningrat | Arya Mangunjaya nangis ||

9. sakathahe para garwa | wus winartan mring Patih Bathikmadrim | ing pura tangis gumuruh | sambat-sambat narendra | akèh solahing wong kang pating bilulung | sêlir miwah para garwa | sadaya sangêt rudatin ||

10. bunêk ing tyas sira patya | amiyarsa tangis jro kênya puri | asru dènira amuwus | kabèh padha kèndêla | tingalana mêngko panêngêraningsun | wangwang Patih Madrim mêdal | panggih lan sagung bupati ||

11. hèh kabèh wong ing Malawa | êtal iki sun gawe pasang [pa...]

--- 157 ---

[...sang] giri | yèn ngong kawasa anjabud | nata maksih waluya | lamun êtal ngong bêdhol nora kadaut | yakti sang nata wus laya | sigra ingangkat tumuli ||

12. kabêdhol ingkang wrêksa tal | samya surak sakwèhning para mantri | ingumbulakên mandhuwur | silêm datan katingal | tibanira nèng madyaning alun-alun | watara sapuluh asta | ingkang tumanceb ing siti ||

13. Apatih Madrim lingira | iki malih sun karya pasang giri | lamun êtal iki lampus | benjang sapungkuringwang | nora rawuh sang nata kalawan ingsun | kalamun ika agêsang | pasthi prapta andon manis ||

36. Dhandhanggula

1. Patih Madrim sigra animbali | Dayaningrat lawan Wijanarka | myang Mangunjaya wus dene | Mantri Wisesa muwus | marma katri ingsun timbali | manira arsa mentar | ngulari sang prabu | dèn bêcik angrêksa praja | lawan ingsun titip si rumaja gandhi | poma wruhên nèng karya ||

2. lawan malih dèn angati-ati | kèh pawèsthinira jroning praja | angrèh mantri punggawane | ing karsa dèn aguyub | lamun ana mungsuh nêkani | muwêra jroning kutha | poma aywa mêtu | manawa kaparèng tiwas | wus kaprahe wong anom kurang dêdugi | sura tunèng wêweka ||

3. satriya tri samya manganjali | tan lênggana lumaksanèng karsa | patih salin busanane | amusthi sarwa wulung | sampun surup kulandaragni | ginantyan ing sasôngka | kya patih [pa...]

--- 158 ---

[...tih] lumaku | kawingking nagri Malawa | tan winarna solahira kang lumaris | praptèng samadya côndra ||

4. siyang ratri dènira lumaris | tumrah ing jurang sumêngkèng arga | kalunta-lunta lampahe | darpa bramintèng kalbu | duk ararywan anèng sasoring | wrêksa mandira sarya | angantuk tan dangu | rumungu swara mangkana | Bathikmadrim kalamun sirarsa panggih | kalawan gustinira ||

5. cundhuka lan dutèng Bojanagri | nindyamantri ran Jêksanagara | sanggupana saujare | iku marganing besuk | sira panggih kalawan gusti | sira ngidul ngulôna | pasthi yèn katêmu | atas pamiyarsanira | wungu sigra anutugakên lumaris | sinêru lampahira ||

6. gancanging carita wus kapanggih | Bathikmadrim lan Jêksanagara | papag-papagan lakune | Jêksanagarandulu | wong sajuga lagya lumaris | apidêksa taruna | ngangge sarwa wulung | atêkên panjalin tingal | Patih Jêksanagara micarèng ati | wong ngêndi iki baya ||

7. warnanira pêkik nom rêspati | nging panganggo sairib pandhita | bok iya ingsun sapane | alon dènira muwus | lah mandhêga ingkang lumaris | manirarsa têtanya | ing pundi kapungkur | lan ing pundi kang sinêdya | Bathikmadrim anglocita baya iki | wahanane ing swara ||

8. ingkang arsa kapanggih lan mami | mantrimuka ing Bojanagara | kôntra saking pasêmone | lamun priyayi agung | sigra [si...]

--- 159 ---

[...gra] kèndêl ingkang lumaris | lênggah ayun-ayunan | Patih Madrim muwus | ki patih manira tanya | sumarmane andika anèng wanadri | lumampah tanpa rowang ||

9. baya uga dinutèng narpati | minta sraya ing pundi sinêdya | Patih Jêksanagarane | amicara ing kalbu | nyata awas anak wêwasi | dene ta iku wikan | marang lakuningsun | ki patih nauri sabda | kasinggihan sabda andika puniki | manira atêtanya ||

10. anak bagus wismane ing pundi | lawan sintên kang pinudyèng krama | sang tinanyan lon saure | wisma kula ing gunung | Rasamala wastaning wukir | Bathikmadrim raningwang | wêwasi ing gunung | tumurun arsa uninga | tataning wong nagara sira apatih | Jêksanagara mojar ||

11. sukur sèwu ki anak wêwasi | aywa tanggung laku pakênira | bagya yèn antuk karyane | ywan jêngandika sanggup | ingsun minta sraya ki wasi | mikut maling aguna | anèng jro purarum | dhustha digung kinawasa | datan mawa babahan sakwèhning mantri | pinilih kapêtêngan ||

12. atugur ing pura dèn wudani | Buminata ing Bojanagara | dahat merang sumarmane | manira minta tulung | tan angucap Ki Bathikmadrim | angartikèng wardaya | apa warnanipun | kang dadi maling aguna | sun cacake kaprawirane si maling | sakti kang sabèng pura ||

13. yèn sun asor sukur praptèng pati | lamun datan kapanggih sang nata | pudararis wacanane | inggih manira

--- 160 ---

sanggup | mikut dura atmaka sakti | atandhing kadigdayan | kanindhitan purun | Ki Patih Jêksanagara | suka ing tyas sigra rinangkul Ki Madrim | dhuh nyawa sutaningwang ||

14. ganjarane pasthi rabi putri | pinaringan nagara sasigar | sinung juluk prabu anèm | nêdha sami lumaku | maring praja Bojanagari | tar wiyang kang sinraya | dyan sami lumaku | datan kawarna ing marga | menggal praptanira wus manjing nagari | nahan gantya winarna ||

15. natèng Bojanagara tinangkil | pêpak sagung satriya punggawa | para mantri prawirandhèr | ngandika sang aprabu | marang Purwanagara Patih | paran mungguhing warta | Jêksanagarèku | rèhning sun duta aminta | sraya ingkang yogya angêntasi kardi | dene uwis alawas ||

16. Patih Purwanagara wotsari | abdi dalêm kesah tanpa rowang | datan kantênan puruge | ya ta ingkang winuwus | Patih Jêksanagara ngirid | Bathikmadrim anulya | pangurakan rawuh | usrêg wong Bojanagara | apocapan yèn kang dinuta wus prapti | Patih Jêksanagara ||

17. ngirid wasi taruna apêkik | katuring sri sigra ingandikan | praptèng ngarsa tur sêmbahe | sasolahira katur | sukèng driya nata umaksi | ing citrane kang sraya | angandika arum | pandhita saparanira | atur sêmbah kawula pun Bathikmadrim | wong papa tanpa sana ||

18. Bathikmadrim riwusnya tinari | tanna mawi taha ing

--- 161 ---

wardaya | sumanggup kapara lubèr | amasthi ingkang pandung | kapikut ing kawula benjing | nadyan silih sagêda | majêmur lan lesus | kawula môngsa kilapa | lêhêng aywa sinêbut-sêbut wêwasi | luputa nyêkêl dhustha ||

19. sampun lami brata tanpa kardi | yèn tan bangkit ngrênggêp duratmaka | eman bêbrêngose lèmèt | tiwasa ing pangutus | Bathikmadrim lare ambênthing | tate kawula nyepak | kêkumbaning diyu | pamintamba kabibarna | kanang baris pun dhustha kalangkung sakti | sagêd awor ing kathah ||

20. datan kesah-kesah saking puri | lamun pêthuk ing karsa narendra | ulun cêpêng siyang bae | pamasthi amba sampun | kagêm anèng ngasta pun maling | êntyarsa sri narendra | amiyarsa atur- | ira Bathikmadrim panggah | aris nabda maring sang anindyamantri | baris padha bubarna ||

21. tur sandika ingkang sinungan ling | anguwarkên mring sagung punggawa | ambubarakên barise | ngandika sang aprabu | lah ta paran karsanta Madrim | baris wus padha bubar | kang sinabdan matur | dewaji panuwun amba | sakathahing sato khewan jroning puri | winêdalna sadaya ||

22. pinêpêka ing ngarsa narpati | bokmanawi pandung guna nuksma | ing khewan myang pitik iwèn | angandika sang prabu | payo patih wêtokna aglis | sakèhing sato khewan | kang anèng kadhatun | agnyendra dyan linaksanan | pitik iwèn sadaya binakta

--- 162 ---

mijil | aglar ing ngarsa nata ||

23. angandika sang sri narapati | Bathikmadrim mara prastawakna | si dhustha cêkêlên age | ingsun agyarsa wêruh | ing warnane si maling sakti | Bathikmadrim manêmbah | alon aturipun | dewaji pandung aguna | datan wontên manawi ningid jro puri | puniku kaundurna ||

37. Durma

1. angandika Sang Prabu Darmawisesa | apa dayamu malih | Madrim aturira | yèn sambada ing karsa | kawula saos mring puri | kang duratmaka | bilih awor ing sari ||

2. sumawana singidan anèng pêthetan | ngandika sri bupati | sun lilani sira | mêngko bêngi saosa | ing jro pura lan si patih | karo milua | anggawaa wong bêcik ||

3. kang liningan katri sandika turira | kondur sri narapati | manjing dalêm pura | bubar sagung kang seba | surup Hyang Pratônggapati | sampun samakta | kyana patih kêkalih ||

4. sampun mangkat sagung kang para nayaka | miwah Ki Bathikmadrim | sang sri naranata | dangu angarsa-arsa | mring Bathikmadrim lan patih | ngandikan enggal | praptèng byantara aji ||

5. tri manêmbah sang nata aris ngandika | hèh paran Bathikmadrim | apa na ing pura | maling kang kinawasa | matur nêmbah èstu gusti | pura narendra | kalêbêtan ing maling ||

6. ing samangke taksih wontên jroning pura | angandika sang aji | apa tandhanira | Bathikmadrim turira |

--- 163 ---

gandanipun kang katawis | nata ngandika | mara cêkêlên nuli ||

7. lah gawanên patih sagunging nayaka | Bathikmadrim nganjali | gusti yèn sambada | punang dura atmaka | kawula cêpêng pribadi | sagung nayaka | sami kandhêga ngriki ||

8. nging sadaya sampun wontên ingkang nendra | ngandika sri bupati | Madrim sakarsanta | age sira cêkêla | manêmbah mentar Ki Madrim | angagêm jungkat | gônda dèn parêpêki ||

9. tan karuwan ngiwa nêngên ingkang gônda | kongsi sayah Ki Madrim | dènnya nurut gônda | gya matak ajinira | wasiyat saking sang yogi | gônda kang ura | wus gêlêng dadi siji ||

10. tinut wuri tumama ing patamanan | unggwanira sang putri | Bathikmadrim kewran | sigra mundur lon-lonan | arsa matur ing narpati | wus byar raina | mijil kulandaragni ||

11. Bathikmadrim prapta ing byantara nata | atanya sri hèh Madrim | apa labdèng karya | êndi kang duratmaka | kang dinangu matur aris | atadhah duka | kang duratmaka sakti ||

12. pratistha ring mandakini jro paprêman- | nira putri narpati | kèndêl sri narendra | dangu tan angandika | Purwanagara anuli | matur manêmbah | lêrês aturing abdi ||

13. lamun dèrèng antuk wêwênang paduka | yakti ajrih pun Madrim | sang nata ngandika | apa sakarêpira | sun turuti Bathikmadrim | matur manêmbah | yèn sambada sang aji ||

14. putra nata wontêna [wo...]

--- 164 ---

[...ntêna] ngarsa paduka | sakalangênan cèthi | sami kabêktaa | mring ngarsa padukendra | marma makatên pun maling | guna kawasa | bangkit amindha warni ||

15. nadyan silih tumutura nèng ngarsendra | kadi tan wontên uning | myang kalamun nuksma | aworing kalangênan | kadi datan wontên kang wrin | muhung kawula | datan kilap sayakti ||

16. sawarnine kalangênanira sang dyah | yèn kawula sênêngi | sang rêtna tan suka | paduka kang mêksaa | punika dununging maling | nata ngandika | hèh Sèbêtan dèn aglis ||

17. timbalana nini putri mring ngarsèngwang | lan pacara ywa kari | sakèh kalangênan | dhawuhana anggawa | wisata ingkang tinuding | ya ta kawarna | sira sang ruming sari ||

18. lagya lênggah kalawan cakarwa seta | sang dyah umatur aris | kangmas malih warna | kawula tur uninga | ing mangke kangjêng ramaji | aminta sraya | kalangkung dening sakti ||

19. sagah wasi saking ardi Rasamala | bèr ati ananggupi | anyêpêng paduka | kawula sangêt maras | dawêg kesah saking ngriki | mèsêm angucap | sira sang malih warni ||

20. dhuh mas mirah kang sawang rêtna pakaja | aywa maras ing galih | sanadyan wuwuha | wasi ajar sanambang | srayane ramaniraji | môngsa idhêpa | maring manira gusti ||

21. mêngko mirah lamun sira tinimbalan | aywa sandeyèng ati | marêk ing ramendra | ingsun sira gawaa | arsa wruh ingsun kang warni | srayaning nata | kang

--- 165 ---

arsa rabi putri ||

22. tan antara prapta dutaning narendra | umatur awotsari | dhuh sang kadi rêtna | paduka ingandikan | ing ramanta sri bupati | saupacara | paduka sampun kari ||

23. atanapi ingkang warni kalangênan | kabêktaa samangkin | sang dyah tan lênggana | dyan mentar sang cakarwa | ingêmban de abdi cèthi | datan atêbah | lawan sang nahên kingkin ||

38. Asmaradana

1. prapta ing ngarsa narpati | sri nata lagya pinarak | Bathikmadrim nèng ngarsane | jajar lan mantri wisesa | kalih ngapit sang nata | sarawuhira sang ayu | saksana nungkêmi pada ||

2. sri nata ngandika wêngis | aywa manêmbah maringwang | sira wong culika dene | sun tari krama tan arsa | mêngko asimpên dhustha | dêlap-dêlapmu tumuwuh | sae myat sunaring arka ||

3. jênêng manira tan apti | angaku anak mring sira | sang rêtna alon ature | sumônggèng karsa narendra | tiyang dur kinaryapa | lêng pinuguta kang tuwuh | gêsang nyênyampuri pura ||

4. kawula wong sundêlanji | dados kalesaning praja | ngandika malih sang katong | gawok-gawoke kang manah | kalamun winarahan | nuli anjaluk linampus | sang dyah ayu èsmu merang ||

5. alingan wit nagasari | sang nata malih ngandika | yèn sira mati têmahe | nagri ing Bojanagara | sapa ingkang darbea | Bathikmadrim duk andulu | citranira sang kusuma ||

6. amicara jroning ati |

--- 166 ---

lamun wruha gustiningwang | marang wanodya mangkene | yakti mari nandhang brôngta | baya tunggal panuksma | lawan ingkang seda tunu | Dèwi Sêtya ing Malawa ||

7. asru ngandika sang aji | hèh mara Madrim dèn enggal | cêkêlên duratmakane | sang ingujaran tur sêmbah | nuwun ajrih kawula | anyêpênga kanang pandung | tan kenging bênggang sacêngkang ||

8. lawan putri padukaji | sakamantyan kinasihan | sang malih warna duk anon | mring Madrim osik ing driya | baya karsaning dewa | Si Madrim pangling maringsun | arsa ngayoni bêndara ||

9. bayarsa arabi putri | dèn ririh mondhong wanodya | Ki Bathikmadrim ature | kawula têdha sang rêtna | pêksi maliwis seta | inggih punika kang pandung | kawasa warni cakarwa ||

10. angandika sang suputri | dhuh lae tan awèh ingwang | maliwis manira dhewe | ingaran maling aguna | dastun angayawara | angkuhmu angundhung-undhung | anjaluk kêkasihingwang ||

11. Bathikmadrim awotsari | dewaji kadya punapa | putra paduka tan awèh | èstu yèn asimpên dhustha | sang nata angandika | apa nganti ingsun pundhut | dèn age sira ulungna ||

12. sigra sang mancalawarni | bêbisik mring Dyah Srênggana | manira aturna anggèr | sun angalih anèng sêkar | anuksmèng tunjung pita | kalangênanira iku | sang rêtna matur ing rama ||

13. sumôngga maliwis putih | ulun kadêrêng punapa | wus tinampan ing sang katong |

--- 167 ---

cakarwa anulya pêjah | Bathikmadrim turira | sampun angalih kang pandung | anuksma ing tunjung pita ||

14. kawula suwun kang sari | tunjung pasênêtan dhustha | sang dyah asugal wuwuse | si Madrim nyata yèn langar | angucap suleweran | kêmbang dèn arani pandung | andaluya nora tata ||

15. sang nuksmèng sêkar bêbisik | dhuh gusti sira aturna | ingsun ing mangke angalèh | aywa maras atinira | têka sira asungna | sun anuksmèng kancing gêlung | sang dyah ayu angandika ||

16. lah ênya cêkêlên aglis | sarya sru nguncalkên sêkar | wus alum sirna sênêne | Ki Bathikmadrim anjola | sru dyagya. wacananira | mèh kagêm ing asta ulun | gusti pun dura atmaka ||

17. ing mangke sampun angalih | gusti kang pandung aguna | anuksmèng kancing gêlunge | sang rêtna kawula têdha | sang dyah sugal lingira | si Madrim nyata kapaung | andaladag nora prênah ||

18. dudu paringe ramaji | sira jaluk nora suka | Ki Madrim sênggrang saure | nadyan suka tan sukaa | gusti kawula têdha | sang nata ngandika asru | age sira wènèhêna ||

19. sang malih warna bêbisik | yayi dèn enggal ulungna | manira nuli angalèh | anuksma ing sêngkangira | sigra sang lir kusuma | angrucat kancinging gêlung | katur ring rama tinampan ||

20. surêm cahyaning kang kancing | Bathikmadrim atur sêmbah | sampun kesah ngalih ênggèn | anèng sêngkanging

--- 168 ---

sang rêtna | sri nata angandika | nini wènèhna dèn gupuh | sêngkangira mring ki wasya ||

21. iku panuksmaning maling | sang dyah kaku ing tyasira | mindêl kumêmbêng waspane | bêbisik kang nuksmèng sêngkang | yayi enggal aturna | pinundhut ramanta prabu | sun angalih nèng kalpika ||

22. kang munggwing suweda manis | sang nata aris ngandika | kacandhaka ngastaningong | sun juwing sawalang-walang | apa ta baya dewa | dene manjing ajèr-ajur | mawèh sangsayaning driya ||

23. wus katur ing sri bupati | sêngkang murta cahyanira | saksana pinaringake | mring Bathikmadrim tur sêmbah | pukulun nuwun duka | sampun ngalih punang pandung | anuksma wontên ing sêsra ||

24. kawula pinta jêng gusti | sêsupe sotya ludira | kang munggwing driji manise | punika ênggèning dhustha | suka botên sukaa | kalpika kawula suwun | enggal mugi pinaringna ||

25. arsamba bêsmi wit dening | punika unggwaning dhustha | sang ayu sru andikane | dudu paringe ramendra | olèh ngong amêmanggya | dèn tukua kalih èwu | manira môngsa awèha ||

26. lêhêng êndhasira Madrim | dèn tunua ing dahana | dimène iku malêdhos | sang dya alara karuna | sêsambat mêlasarsa | lêng tumêkaa ing lampus | aywa andêdawa wirang ||

27. si Madrim angaku sakti | kang ora-ora dèn ôngkajôngka. | adoh uga watarane | kalpika ingaran dhustha | sang nata angartika | sun rasa bênêr sutèngsun |

--- 169 ---

asru dènira ngandika ||

28. hèh ta kaya ngapa Madrim | pasthi tugêl gulunira | yèn ora nana malinge | Bathikmadrim atur sêmbah | inggih sumonggèng karsa | pun pandung sampun kabutuh | kantun sapisan kewala ||

29. paduka pundhut tumuli | singsim agême putranta | sang nata ris andikane | hèh nini sira ulungna | muritira dèn enggal | apa nganti ingsun pundhut | mungkur sang ayu kèmêngan ||

39. Pangkur

1. ingkang nuksma ing kalpika | abêbisik ingsun aturna yayi | sarwi bantingên ing watu | kumlasa pinggir tirta | prastawakna mêngko sapratingkah ingsun | ngadu sakti kaninditan | kalawan si Bathikmadrim ||

2. sang ayu sigra amêcat | murit ingkang munggwing suweda manis | asru binanting ing watu | nèng têpining balumbang | sarwi mular abêngis wijiling wuwus | kang sira arani dhustha | lah ênya cêkêlên Madrim ||

3. kalpika kalêbwèng tirta | têmah wiyung saksana Bathikmadrim | dadya dara putih mabur | canthuka cinucukan | nora kêna sadarpa prawiranipun | lir anucuk wêwayangan | canthuka anulya dadi ||

4. alap-alap kanang dara | dyan umêsat sinambêr tibèng siti | sigra malih dadya tikus | jinada arsa ngêrah | alap-alap tinubruk luput umabur | dadi kucing côndramawa | tikus tinubruk ing kucing ||

5. lumayu tikus jinada | karepotan dadya tripuru putih | kucing

--- 170 ---

tinubruk lumayu | binuru karepotan | natèng Bojanagara gawok andulu | tandange kang bôndayuda | dene ta anindya sakti ||

6. Anglingdarma ingkang dadya | kucing sampun malih pragalba putih | tripuru tinubruk asru | aniba kapisanan | Bathikmadrim agya ngreka warnanipun | mancala singa pragalba | tinubruk indha ngoncati ||

7. suraking mantri gumêrah | èstu merang raja Nglingdarma nuli | sêmèdi nyipta pêpêdhut | gègèr sajroning pura | panarkane pagrowong pating bilulung | Ki Bathikmadrim kasoran | asêmèdi nyipta angin ||

8. mêsês ingkang bayu bajra | swaranira kumrusuk angajrihi | anêmpuh ingkang pêpêdhut | wus sirna têmah padhang | Anglingdarma kalindhih merang kalangkung | mumbul napak jumantara | anangku maladi êning ||

9. anutupi kang babahan | nawa sanga ya ta ingkang winarni | rabine Parta ing dangu | ran Dèwi Drêsanala | kang kahyangan ing Suranadi wus wêruh | kalamun sri naranata | Malawa kandhah ing jurit ||

10. arsa têtulung ing yuda | ciptanira yèn matia samangkin | ratu ing Malawa puput | turune lakiningwang | nora nana kang anêdhakake ratu | ing nuswa Jawa saksana | dahana gêng andhatêngi ||

11. atbuta ngungkuli pura | apuyêngan gègère para mantri | wong dalêm nangis gumuruh | anarka truh dahana | sri narendra gugup tanbuh solahipun | Ki Bathikmadrim winarna | yun sumusul [su...]

--- 171 ---

[...musul] mring wiyati ||

12. kalangan dening anala | dahat tiksna manahira kumitir | cipta tan kawawa mungsuh | dhustha dibya kawasa | biyas pandriyanira datan wun lampus | sumusul ajrih ing panas | tanbuh rèhira Ki Madrim ||

13. Maharaja Anglingdarma | sumbar-sumbar anèng sajroning agni | lah payo nusula gupuh | iya sun Endrajala | kinawasa datanpa tandhing pinunjul | trahing sri nata sudibya | winong ing jawata lêwih ||

14. anglêlana adikara | anusula mring wiyat Bathikmadrim | sira ngayoni maringsun | lah mara ta tutugna | dèn aririh sirarsa mondhong dyah ayu | kusumèng Bojanagara | yèn maksih ingsun kinanthi ||

40. Kinanthi

1. atas pamiyarsanipun | Kyana Patih Bathikmadrim | datan samar ing wardaya | yèn kang sumbar nèng wiyati | Maharaja Anglingdarma | ratu ing Malawapati ||

2. angartika jroning kalbu | nadyan pisaha nêm warsi | manira môngsa samara | ing swarane gusti mami | kalangkung asrêp ing driya | angrasa kalamun urip ||

3. Bathikmadrim asru muwus | tumêngèng wiyat anangis | manêmbah marang ambara | dewa susuhunan mami | Maharaja Anglingdarma | kawula ruruh toh pati ||

4. tumurun ing jurang trêjung | sumêngkèng angganing wukir | manusup ing wanawasa | paduka ulun ulati | milang koryanjajah desa | tan etang ing lara pati ||

5. datan kapanggih sang prabu | mangkya nèng Bojanagari | kawulane [kawu...]

--- 172 ---

[...lane] kasamaran | dahat tan wikan ing gusti | sru kaswasih ing salama | tinilar dening jêng gusti ||

6. kawula anuwun bêndu | ngaturakên pati urip | sumônggèng karsa narendra | dene dasih kumawani | atandhing prang adu yasa | kalawan paduka aji ||

7. suka pêjahana ulun | tuwêkên ing katga lungid | Maharaja Anglingdarma | myarsa sêsambating Madrim | kalangkung wêlas ing driya | nir krodhanira narpati ||

8. dahana kang murub wau | saksana sirna umulih | mring kahyangan Suraloka | sang nata tumêdhak nuli | jumênêng soring wratsôngka | Bathikmadrim aningali ||

9. nulya malayoni gupuh | praptèng ngarsa anungkêmi | udrasa kadi wanodya | kawula datan angipi | kalamun paduka nata | ingkang mindha maling sakti ||

10. cipta kawula pukulun | upami jaya ing jurit | putri ing Bojanagara | katura ing padukaji | dadosa panglipur brôngta | angandika sri bupati ||

11. mring Madrim sarwi angrangkul | mênênga aywa anangis | kang Madrim sira matura | purwanta anis sing nagri | apa ana parangmuka | ngrabasèng Malawapati ||

12. tur sêmbah ingkang dinangu | milamba nusul ing gusti | rêmbaging para nayaka | saking tiwase kang abdi | tinanggênah têngga praja | mangkya pinarag ing agring ||

13. akathah têtiyang lampus | wêwêlak sru andhatêngi | sakit enjing sontên pêjah | sakit sontên pêjah enjing |

--- 173 ---

pasabinan kathah bêra | kathah dhusun kang asêpi ||

14. angrês ing driya sang prabu | myarsa ature kya patih | mangkana andikanira | rusak wong Malawapati | sun antuk dukaning dewa | umatur sang Patih Madrim ||

15. sampun ginalih rumuhun | risake praja narpati | gusti kapanggihèng wuntat | ing mangke paduka aji | sayogyanira tundhuka | lan natêng Bojanagari ||

16. sang putri paduka pundhut | manawi bôngga sang aji | kawula kang talang pêjah | nanggulang ngrurah nagari | sang nata mèsêm ngandika | kang Madrim manira isin ||

17. apêpanggih lan sang prabu | lamun ora dèn timbali | dene sun ingkang culika | mangrurah pêthetan adi | kang sinêngkêr ing jro pura | dadi usadaning kingkin ||

18. sumarmane mari wuyung | mring gustinira kang lalis | wus nora karasa-rasa | ing driyaningsun angalih | mring dyah ing Bojanagara | ingkang dumunung ing ati ||

19. Patih Madrim alon matur | yèn makatên sri bupati | kawula kang umatura | ing sri natèng Bojanagri | sang nata mèsêm lingira | sakarsanta kakang Madrim ||

20. manêmbah kang sinung wuwus | êntyarsèng tyas Bathikmadrim | sigra-sigra undurira | praptèng byantaraniraji | ing Bojanagri tinanya | apa dayanira Madrim ||

21. êndi warnane kang pandung | umatur Ki Bathikmadrim | kawula anuwun duka | lumaksana ing karyaji | ing mangke atur uninga | ing gusti sri narapati ||

--- 174 ---

22. yèn sèstunipun kang pandung | putra paduka dewaji | Sri Nglingdarma ing Malawa | ingkang kawula ulari | anjajah wana myang praja | mangke kapanggih ing ngriki ||

23. saking katambêtan ulun | tan wikan kalamun gusti | kang dadya pandung aguna | amindha maliwis putih | rèhning dahat kasamaran | kumasura tandhing jurit ||

24. sapandurat tan amuwus | nata ing Bojanagari | gawoggawok. mawor sukèng driya | myarsa aturira Madrim | puwara aris ngandika | ing samêngko ana ngêndi ||

25. Ki Bathikmadrim umatur | jumênêng soring wratsari | ngandika sri naranata | Jêksanagara Apatih | karo si Purwanagara | aturana putra mami ||

26. myang sagung nayakaningsun | milua marang si patih | manêmbah sarêng umentar | wus praptèng ngarsa narpati | sadaya lir anupêna | sapandurat datan angling ||

27. cêngêng dènira andulu | ing citranira sang aji | yèn angucapa mangkana | apa parayangan êjin | apa ta Hyang Kamajaya | linggar saking Suranadi ||

28. layak asiha sang ayu | saèstu pêkik linêwih | emut kalamun dinuta | ki patih matur wotsari | pukulun lampah kawula | ingutus ramanta aji ||

29. ngaturi paduka prabu | dhumatêng jro kênya puri | ramanta sri naradipa | yun-yunên arsa kapanggih | dangu umèring palunggwan | Sri Anglingdarma nabdaris ||

30. sandika wangwang lumaku | kerid ing patih kêkalih | ginarêbêg [gina...]

--- 175 ---

[...rêbêg] ing punggawa | Raja Darmawisesa glis | têdhak saking padmasana | cundhuk aris ngacarani ||

31. dyan kinanthi astanipun | noraga sang tarunadi | sampun atata pinarak | munggwing amparan rinukmi | pramèswari nata prapta | anganthi sang raja putri ||

32. kakênan tyasirang prabu | mulat ing citra linêwih | amindha Sang Hyang Asmara | pangandikanira aris | dhuh anggèr prapta paduka | ing praja Bojanagari ||

33. yayah katiban andaru | tanapi prabata rukmi | karoban samodra kilang | èsthine pun bapa gusti | saksat katurunan dewa | tanbuh sukane tyas mami ||

34. sang sinambrama umatur | noraga têmbung mlasasih | kalangkung kalingga murda | angandika sri bupati | kawula minta aksama | dene dahat kumawani ||

35. ngruhuni karsa pukulun | ngling natèng Bojanagari | sampun anggèr wancak driya | suka rêna wong sanagri | pun bapa mandya arsana | ni putri kangge anyèthi ||

36. Sri Anglingdarma anuhun | ing sih sigra sang suputri | linênggahakên ajajar | lan natèng Malawapati | lir Ratih lan Komajaya | suka sagung kang ningali ||

37. kang ibu suka andulu | atanapi sri bupati | arsèng tyas marwata suta | myat mantu pêkik linêwih | dadya ris wijiling sabda | kawula tanya sayakti ||

38. punapa prawitanipun | paduka tilar nagari | lan mawi warni cakarwa | kang tinanya anauri | sinangsaya ing jawata | kawula tilar nagari ||

--- 176 ---

39. kasasar mring dhôngka diyu | tinênung dening putri wil | sumarma kawula dadya | kang pêksi maliwis putih | tinutur sasolahira | purwa puwaraning laris ||

40. kawismaya sang aprabu | ing Bojanagri nabdaris | lamun sambada ing karsa | paduka madêga aji | wontên ing Bojanagara | pun bapa arsa gumingsir ||

41. tapa nèng srêngganing gunung | sêdhêng angulah sêmadi | sinambi anandur gaga | apan sampun tuwuk mukti | wus sêdhênge amagawan | sang pinrih mojar atangkis ||

42. inggih kalangkung anuhun | kalingga murda ingkang sih | kacancang pucuking rema | lênggana jumênêng aji | dèrèng kalilan ing dewa | kawula jumênêng aji ||

43. winangênan wolung taun | tan kêni madeg narpati | ingupatan dening Uma | kalawan Ni Dèwi Ratih | marma ing mangke kawula | ing paduka nuwun pamit ||

44. arsa nutugakên laku | kirang sapta warsa dening | putra paduka awawrat | kantuna wontên ing ngriki | Sang Prabu Darmawisesa | sangêt dènnya anggendholi ||

45. Raja Nglingdarma tan keguh | lumèngsèr saking ngarsaji | mundur akêkanthèn asta | lan garwa sang kadi sari | ênting sukaning wardaya | sang nata lan pramèswari ||

46. wulangun mulat ing mantu | dupyarsa tinilar anis | sami sungkawa ing driya | yayah angluda lumaris | pramèswari tanpa solah | adrês waspanira mijil ||