Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Cariyosipun Banawi Sala, Rêksakusuma, 1916, #784

Katalog:Cariyosipun Banawi Sala, Rêksakusuma, 1916, #784
Sambung:-

Verkrijgbaar bij het Depôt van Leermiddelen te Weltevreden tegen toezending van een postwissel tot genoemd bedrag

--- 0 ---

Cariyosipun Banawi Sala

Kaanggit dening Radèn Adipati Arya Rêksa Kusuma Bupati Bojanagara

Wawênangipun ingkang anganggit karangan punika kaayoman dening anggêring nagari taun 1912. Bab karang-karangan.

Sêrat-sêrat punika inggih kenging kaêcap malih, katêdhak utawi kaanggit malih, ananging kêdah wontên sêrat palilahipun Commissie voor de Volkslectuur. Sarta kêdah katêrangakên kapêthik utawi kapirid saking sêrat punapa.

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun Papirus Bêtawi 1916.

--- 2 ---

MALEISCH

Kitab-kitab jang terseboet dibawah ini boleh dibeli kepada 's Lands depôt van Leermiddelen di Weltevreden. Oeang harganja haroes dikirimkan lebih dahoeloe dengan postwissel. Adapoen kitab-kitab jang dibeli itoe akan dikirim dienst.

Hikajat Indera Bangsawan ... f 0,11 / M. Poerwasoeardja. Pertolongan jang pertama pada waktoe ketjelakaan ... f 0,10 / D. K. Ardiwinata. Pemerintahan Nederland dengan Hindia ... f 0,08 / D. K. Ardiwinata. Pemimpin bagi orang jang hendak memilih pentjaharian I ... f 0,10 / D. K. Ardiwinata. Pemimpin bagi orang jang hendak memilih pentjarian seri A IV ... f 0,08 / D. K. Ardiwinata. Pemimpin bagi orang jang hendak memilih pentjarian seri B I ... f 0,08 / M. Wignja-Amidarma. Perbantahan antara pest dan kolera ... f 0,02 / Moeh. Joesoef. Pemeliharaan diri ... f 0,10 / D. K. Ardiwinata. Dari hal ketjermatan perhoetangan dan persekoetoean ... f 0 17 / D. K. Ardiwinata. Hikajat Langlang Boeana ... f 0,16 / D. K. Ardiwinata. Kitab nasihat kepada orang bertjotjok tanam I + II ... f 0,25 / Dr. Ouwehand. Pembela orang sakit ... 0,37 / Dr. Ouwehand. Hikajat pelandoek djinaka ... f 0,14 / Anggawinangoen. Hikajat Pandji Soemirang I ... f 0,16 / Anggawinangoen. Hikajat Pandji Soemirang II ... f 0,14 / Abdoellah bin Abdoel kadir. Kisah pelajaran ke negeri Djoedah ... f 0,05

--- 3 ---

Cariyosipun Banawi Sala

Sarèhning Banawi Sala saurutipun punika prêlu sangêt kasumêrêpan ing akathah, mênggah saking cacriyosanipun ingkang langkung amigunani, saha ingkang anèh, punapadene ingkang ambêbayani, pramila kacariyosakên kados ing ngandhap punika.

Ilinipun Banawi Sala

Kajawi ingkang sampun kasêbut ing dalêm gambaring kapuloan Indiya Nèdêrlan, bab ilining lèpèn utawi banawi ing pulo Jawi, kula têrangakên malih bab ilining Banawi Sala, wiwit saking tukipun residènsi Surakarta ngantos dumugi anjog wutahipun dhatêng sêgantên Jawi salèripun supitan Madura.

Banawi Sala punika lèpèn ingkang agêng piyambak ing satanah Jawi, tukipun ing laladan rêsidènsi Surakarta ingkang têmbing kidul wetan, inggih punika ing parêdèn [parêdè...]

--- 4 ---

[...n] Sèwu. Saking tuk wau mili ngidul ngilèn, dados watês apdheling Pacitan kalihan Wanagiri, nuntên menggok mangilèn lumêbêt ing bawah Wanagiri, sarêng dumugi Kakap, menggok ngalèr lêrês, wontên sakidulipun kitha Wanagiri kajogan lèpèn Kêduwang, ingkang tukipun saking rêdi Lawu.

Banawi Sala sasampunipun anglangkungi kitha Wanagiri ilinipun menggok ngalèr ngilèn, kajogan lèpèn Dêngkèng ingkang tukipun saking rêdi Marapi. Saking ngriku ilinipun nêkuk ngalèr ngetan, sarêng dumugi kitha Surakarta kajogan lèpèn Pepe, ingkang tukipun saking rêdi Mêrbabu.

Banawi Sala ilinipun taksih ngalèr ngetan, nuntên kajogan lèpèn Kêdhungbang, ingkang tukipun saking rêdi Lawu. Sarêng dumugi ing dhusun Sukowati salèripun Sragèn, Banawi Sala nêkuk mangetan, dumugi ing watês apdheling Ngawi lan Sragèn kajogan lèpèn Kêdhung Banthèng, ingkang tukipun saking rêdi Lawu.

Saking ngriku Banawi Sala lajêng wiwit lumêbêt ing talatahipun apdheling Ngawi, ilinipun mangetan lêrês, sadumuginipun [sadumugi...]

--- 5 ---

[...nipun] kitha Ngawi, têmpur kalihan banawi Madiun, ingkang ugi nama lèpèn Gênthong. Wiwit ing têmpuran ngriku Banawi Sala dados lèpèn ingkang agêng sarta kenging kaambah ing baita ngantos dumugi ing muwaranipun, awit banawi Madiun punika ugi lèpèn agêng, jalaran sadaya lèpèn ing apdheling Panaraga, Madiun, Magêtan lan Ngawi sami anjog ing banawi Madiun sadaya.

Saking kitha Ngawi ilinipun Banawi Sala menggok mangalèr, nuntên lumêbêt ing laladan residhènsi Rêmbang, dados wontên apdheling Blora lan Bojanagara. Saya mangalèr ilinipun saya ngèncèng ngalèr ngetan, sarêng dumugi ing Cêpu kajogan lèpèn Bathokan, ingkang tukipun saking parêdèn gamping salèr wetaning kitha Blora. Saking ngriku lèpèn Banawi Sala ilinipun lajêng menggak-menggok mangetan, lumêbêt ing apdheling Bojanagara. Dumugi sawetanipun dhistrik Padhangan, kajogan lèpèn Gandhongan, ingkang tukipun saking rêdi Pandhan. Mangetan malih kajogan lèpèn Tidhu ugi tukipun saking rêdi Pandhan. Wiwit saking ondêrdhistrik Malo, ilinipun Banawi [Ba...]

--- 6 ---

[...nawi] Sala nêkak-nêkuk mangetan lêrês, sadumuginipun kitha Bojanagara kajogan lèpèn Kêning, ingkang tukipun saking parêdèn gamping ing laladan apdheling Rêmbang ingkang têmbing kidul wetan.

Banawi Sala lajêng mili mangetan, nuntên dados watêsipun apdheling Bojanagara lan Tuban, sarêng dumugi salèripun ondêrdhistrik Kapas, kajogan lèpèn Pacal, ingkang tukipun saking rêdi Pandhan. Banawi Sala sadumuginipun salèring dhistrik Pêlêm nêkuk mangalèr, dumugi ing dhistrik Rèngêl nêkuk mangetan, ngantos dumugi ing Babad.

Saking Babad Banawi Sala mili ngalèr ngetan, dados watês apdheling Tuban lan Gêrsik, nuntên lumêbêt ing laladan apdheling Gêrsik, ilinipun taksih nêkak-nêkuk mangetan, sarêng dumugi sakidulipun kitha Sidayu, lajêng wutah dhatêng Sagantên Jawi, salèripun supitan Madura.

Pigunanipun Banawi Sala

Banawi Sala punika awit ing kitha Ngawi dumugi ing muwaranipun kenging kaambah ing baita, kathah sangêt baita saking [sa...]

--- 7 ---

[...king] Ngawi amot dagangan dhatêng Cêpu, awit ing ngriku punika pêkênipun agêng. Wontên ugi baita ingkang amot dagangan ngantos dumugi pêkên-pêkên ing Kalitidhu, Bojanagara, Babad, dumugi Sidayu lan Gêrsik, sadèrèngipun wontên margi trèm saking Gundhih dumugi Surabaya, baita dagang ingkang lêlayaran ing Banawi Sala sakalangkung rame, kathahipun ngantos atusan.

Kajawi punika wiwit ing Cêpu sapangetan kathah kajêng jatos ingkang kausung mêdal Banawi Sala, sarana kagandhèng-gandhèng, kawastanan gèthèk. Kala sadèrèngipun wontên margi trèm, Anèmêr Cina ingkang amborong ngusung kajêng jatos sarana kadamêl gèthèk ngantos angsal sawidak dumugi pitung dasa èwu rupiyah sataunipun, ananging ing sapunika sampun kathah sangêt sudanipun, awit kajêng jatos kausung mêdal trèm.

Ing pinggir-pinggiripun Banawi Sala kathah sitinipun mawur, kadadosan saking siti amor wêdhi lêmbat, limrahipun kawastanan wêdhêg, punika prayogi sangêt kangge ngurug plataraning griya, awit sagêd andadosakên gasik.

--- 8 ---

Wontên malih siti ingkang kabêkta dening toya bêna, sami mênêp ing pinggiraning lèpèn, punika kawastanan siti walêd, agêng sangêt paedahipun tumpraping têtanèn, jalaran walêd punika rabuk ingkang prayogi sangêt. Saupami têtiyang ingkang pakaranganipun cêngkar kaprêlokakên ngusungi walêd, saking pinggiran banawi kaurugakên ing pakaranganipun, saèstu badhe adamêl saening tanêman, ingkang anjalari andhatêngakên kauntungan.

Tanah-tanah ing sapinggiripun Banawi Sala sabên taun kableberan toya ingkang ambêkta walêd, adamêl suburipun sadaya tanêman, ingkang katanêm ing ngriku. Punapadene kangjêng guprêmèn karsa amanggalih bab kawontênanipun Banawi Sala, amurih sagêdipun sadaya para tiyang tani ingkang sitinipun botên kenging katanêman, jalaran kêkirangan toya, sagêda angsal toya. Tuwin malih kagungan karsa badhe angewahi têmpuranipun, sabab Banawi Sala punika sakalangkung kathah pambêktaning lumpur (siti walêd) ing sadintên-dintênipun wontên 37.000 ngantos dumugi 64.000

--- 9 ---

M3. Pramila kuwatos bilih sangsaya dangu margining layaran ingkang dhatêng Surabaya kuwalêdan, dados prêlu têmpuranipun kapindhah.

Pandamêlan punika sampun rambah kaping kalih katindakakên, ananging ugi dèrèng sagêd sampurna.

Ing môngsa katiga, gampèngipun Banawi Sala ingkang mayat-mayat sami dipun damêl patêgilan, nama têgil, tlatah (sêtrèn) punika patêgilan ingkang loh, awit ing ngriku kathah walêdipun, jalaran ingkang makatên punika Banawi Sala kenging kawastanan juru pangrabuk siti.

Pamêdalipun têgil, tlatah (sêtrèn) punika ingkang kathah sata, nanging ugi wontên pamêdalipun jagung, terong, krai, sêmôngka, kacang, lombok, sapanunggilanipun.

Ing pinggir-pinggiranipun Banawi Sala ingkang ragi cêthèk, kathah tiyang ingkang mêndhêt wêdhi, kacidhuk kalihan ekrak utawi tompo, nuntên kaisèkakên dhatêng baita, kausung dhatêng sapinggiring banawi ingkang adhakan, saking ngriku [ngri...]

--- 10 ---

[...ku] kabêkta grobag dhatêng pundi-pundi panggenan, ingkang pêrlu ngangge wêdhi.

Sanèsipun punika Banawi Sala ugi angêdalakên asil krikil. Kathah têtiyang ingkang angsal panggêsangan sarana mêndhêt krikil, kados patrapipun mêndhêt wêdhi wau, kasade dhatêng matsêkape sêpur utawi anèmêr sela radinan agêng (radinan irêndhinês) yèn kapetang pangaosing wêdhi lan krikil ingkang kapêndhêt ing sabên môngsa katiga botên kirang saking rêrêgèn sangang èwu dumugi gangsal wêlas èwu rupiyah. Dene rêginipun wêdhi ing dalêm satunggal kas tilas wadhah blèg patraliyun, ngantos kalih dumugi tigang sèn, krikil rêgi sakawan dumugi gangsal sèn.

Wondene Banawi Sala punika ugi kathah ulamipun, kados ta: badhèr, wagal, lêmpuk, rêngkik, kakap, wadêr, ulam pacal, ulam trumpah, urang, sênggaringan, bloso, kacangan, bancèr, sapanunggilanipun. Kathah ugi tiyang ingkang panggêsanganipun mêndhêt ulam ing banawi ngangge pirantos jala, sambêr, jaring, pancing,

--- 11 ---

badhong, cundhit, sèsèr, ayap, bênco, waring, cêmpuling, lan sapanunggilanipun.

Ing sarèhne ulam punika kenging kawisaya ing tiyang, andadosakên ing kauntunganipun, mila prayoginipun sampun ngantos wontên tiyang ingkang ngupados ulam sarana katuba utawi dipun dhinamit, awit bilih makatên badhe nyurêsakên ulam sadaya, andadosakên kapitunanipun piyambak. Malah-malah ulam ingkang taksih alit-alit sangêt, bilih kenging ing wisaya, kawangsulna dhatêng banawi malih, murih sagêda dados bibiting ulam, kenginga dipun wisaya ing têmbenipun.

Sampun kayêktosakên, sadangunipun pabrik lisah latung ambucali rêrêgêdipun latung dhatêng Banawi Sala, inggih punika sapriki sampun kalampahan kalih wêlas taun laminipun, raosipun ulam ing Banawi Sala lajêng botên eca, jalaran sêmu mambêt arus saèmpêr ambêting lisah latung, punapa malih bilih môngsa katiga, ambêtipun ulam saya arus, nanging manawi rêndhêng wontên [wo...]

--- 12 ---

[...ntên] tambaripun sawatawis, jalaran toya banawi mindhak agêng, rêrêgêding pabrik latung ajêg.

Bêbayanipun Banawi Sala

Têrkadhang Banawi Sala punika angwontênakên bancana, inggih punika jalaran saking bêna. Bilih sampun môngsa rêndhêngan agêng, sampun kenging katamtokakên Banawi Sala punika bêna, toyanipun ambalabar angrampak dharatan sakiwa têngênipun aprasasat sagantên ingkang panuju êrob. Kathah tanêman ing sabin miwah patêgilan sami karisakan, griya-griya ing padhusunan sami nritis sadaya, wontên ugi ingkang ngantos silêp payonipun. Bilih pinuju makatên punika kasangsaranipun têtiyang ingkang kabênan botên kenging winiraos, wontên ingkang ngili dhatêng radinan ingkang gênêng dalasan rajakayanipun, wontên ingkang ngungsi dhatêng padhusunan, ingkang pêrnahipun langkung inggil, wontên ugi ingkang ngranggon kemawon, inggih punika pangêrêting griyanipun kadamêlakên palangan dêling katumpangan sèsèk, lajêng kaênggenan [kaêngge...]

--- 13 ---

[...nan] saanak bojonipun. Ngliwêt lan olah-olah ugi wontên ing ngriku kemawon, nanging bilih kabêtahanipun ingkang calon katêdha dèrèng wontên, sawêg sami numpak baita dhatêng pêkên utawi warung ingkang cêlak dunungipun.

Ing wêktu bêna makatên, baita-baita dagang tuwin gèthèk-gêthèk ugi taksih kathah ingkang lêlampah ing banawi, punika têrkadhang wontên ingkang katiwasan kèrêm, andadosakên pêpêjah. Dene gèthèk wontên ingkang buyar, pêdhot tangsulipun, kajêngipun sami kentir pating balêsar, wontên ingkang pinanggih, wontên ugi ingkang ical larinipun. Awit bilih ing môngsa katiga baita sarta gèthèk-gèthèk wau sami botên sagêd lumampah, sabab saking kiranging toya utawi kathah selanipun ingkang agêng-agêng.

Bajul ing Banawi Sala ugi wontên, nanging awis sangêt ingkang nyikara tiyang.

--- 14 ---

Cacriyosan tumrap Banawi Sala

Kèrèk

Banawi Sala kapêrnah salèripun Ngawi, wontên panggenan ingkang kawastanan Kèrèk. Pramila kawastanan makatên, jalaran sabên wontên baita mudhik, dumugi ing ngriku mêsthi kakèrèk (katuntun dening tiyang mawi dhandhan, tiyangipun lumampah ing pinggir lèpèn). Bilih botên makatên, têmtu botên sagêd mudhik, awit ilining toya sakalangkung santêr, jalaran dhasaring banawi miring sangêt, sarta dhasaripun sela ingkang mlapar.

Kêdhung Maya

Ing sangandhapipun sela kèrèk, wontên kêdhungipun ingkang kaanggêp gawat, kawastanan kêdhung Maya. Kathah baita ingkang manggih pakèwêd ing ngriku, jalaran tikunganipun sakalangkung santêr toyanipun.

Saking cariyosipun tiyang Jawi, kêdhung Maya punika angkêr, jalaran ing salêbêtipun kêdhung ngriku wontên putrinipun [putrini...]

--- 15 ---

[...pun] ingkang kalap, anama Dèwi Maya. Gancaripun kados ing ngandhap punika:

Kala ing jaman kina, dhusun Kuwung wontên pangagêngipun nama Kyai Agêng Kuwung. Anuju satunggil dintên, amêng-amêng dhatêng laladanipun dhusun Kuwung, dumadakan pirsa lare kentir ing lèpèn Kurong kasangsang ing ronggot, nuntên dipun tulungi, lare lêstantun wilujêng, sarta kadadosakên pangènipun. Dene sayaktosipun lare punika ing ngajêng asal saking anak angkatipun êmbok rôndha ing Jambe, warninipun sakalangkung bagus. Ing sarèhne pinanggihipun kasangsang ing ronggot, Kyai Agêng Kuwung lajêng amaringi nama dhatêng lare wau Jaka Sangsang.

Kacariyos Kyai Agêng Kuwung punika maesanipun kathah sangêt, bilih pinuju kaplegungakên uyêgipun prasasat sêmut. Dene patilasan plegungan sapunika dados lèpèn katêlah nama lèpèn Sêmut.

Ing sarèhne maesanipun Kyai Agêng Kuwung kathah sangêt, pangènipun inggih kathah, yèn dalu sami tilêm anggalasah wontên ing pandhapanipun Kyai Agêng. Nuju satunggiling [satung...]

--- 16 ---

[...giling] dalu putranipun putri Kyai Agêng Kuwung nama Dèwi Maya mêdal saking griya, sumêrêp ing pandhapi wontên cahya mancorong, lajêng dipun purugi. Sarêng cêlak têtela ing paningalipun, ingkang mawa cahya punika salah satunggiling pangènipun ingkang rama. Sinjanging pangèn ingkang mancorong nuntên kabundhêlan, supados kenging katitik, pangèn sintên ingkang gadhah cahya mancorong. Enjingipun katiti pirsa, ingkang pinanggih sinjangipun bundhêlan, pangèn ingkang nama Jaka Sangsang. Nalika samantên Jaka Sangsang sampun diwasa. Sang Dèwi Maya sangêt kasmaran ing panggalih dhatêng Jaka Sangsang, lajêng kapundhut garwa, nanging ingkang rama lingsêm sangêt, dene putranipun krama namung angsal pangènipun. Kyai Agêng tumuntên ngupados rekadaya murih pisahing putranipun kalihan Jaka Sangsang. Jaka Sangsang lajêng kautus nyaosakên sêrat dhatêng Pajang, sagêda dados abdi wontên ing nagari Pajang salami-laminipun. Jaka Sangsang botên suwala inggih lajêng bidhal, nyaosakên sêrat dhatêng Pajang.

Kacariyos, sarêng dumugi ing Pajang katarimah pasuwitanipun. [pasuwi...]

--- 17 ---

[...tanipun.] Sarèhne warninipun pancèn bagus, wontên ing ngriku inggih dipun kedani dening putri Pajang, kalampahan putri wau dados jatukramanipun.

Kocap Sang Dèwi Maya ingkang kantun ing dhusun Kuwung, sarêng sampun tita anggènipun ngêntosi konduring garwa, mêksa botên wontên wasananipun, lajêng bidhal sumêdya nusul ingkang raka dhatêng Pajang, nanging sarêng nyabrang banawi kentir, ical wontên ing kêdhung, jalaran ingkang makatên punika kêdhung wau kanamakakên kêdhung Maya.

Jaka Sangsang sarêng sampun lami wontên ing Pajang, èngêt dhatêng garwanipun ingkang tinilar ing dhusun Kuwung, sumêdya dipun tuwèni, lajêng pamitan dhatêng ingkang garwa putri Pajang, badhe martuwi sakêdhap dhatêng dhusun Kuwung, sang putri Pajang inggih anayogyani. Nalika lampahipun Jaka Sangsang dumugi Kêdhung Maya, wontên tiyang ingkang wêwartos, yèn garwanipun ingkang nama Dèwi Maya sawêg kemawon nyabrang banawi, sumêdya nusul dhatêng Pajang, nanging lajêng kentir ical ing kêdhung ngriku. Jaka Sangsang sangêt ngungun ing panggalih, ingkang katingal namung Sang Dèwi Maya, kados katingal-katingala ing salêbêtipun kêdhung warninipun [war...]

--- 18 ---

[...ninipun] maya-maya, pramila botên sarônta ing panggalih, enggal anggêbyur ing kêdhung, ical wontên ing ngriku.

Putri Pajang ngêntosi Jaka Sangsang lami botên wangsul, lajêng kasusul, sarêng lampahipun dumugi kêdhung Maya, angsal pawartos, bilih ingkang raka Jaka Sangsang ical wontên ing kêdhung ngriku. Sang putri inggih lajêng anggêbyur salêbêting kêdhung sarta ical wontên ing ngriku.

Kadadosan saengga sapriki kêdhung Maya punika taksih gawat, asring kemawon baita manggih bilai wontên ing ngriku, mila tiyang-tiyang ingkang nglampahakên baita, bilih dumugi ing ngriku kêdah ngatos-atos, sami kèndêl, botên kenging rêrêmbagan ingkang botên sae. Ananging sajatosipun pamanggih ingkang kados makatên punika kalêbêt gugon tuhon. Dene sayêktosipun, amila kêdhung Maya wau asring ambêbayani, jalaran ilining toya santêr tur androjog, dados baita gampil manggih bilai kèrêm.

--- 19 ---

Banawi Guwa Santana

Ing sangandhapipun kêdhung Maya wontên panggenan ingkang kaanggêp gawat malih, inggih punika nama banawi Guwa Santana. Mila kanamakakên makatên, awit lampahing banawi wontên ing ngriku notog sela agêng, sanginggiling sela wontên guwanipun, dene sanginggiling guwa wontên astana (pasarean) tilasipun wali Kangjêng Sunan Bonang. Sabên lampahing baita dumugi ing ngriku kêdah angatos-atos, botên kenging rêrêmbagan ingkang sora saha ingkang awon.

Nalika jamanipun para wali, ing dhusun Bonang wontên satunggiling jêjaka ngupados pangengeran, waktu punika bok rôndha rencangipun kyai pangagênging dhusun ngriku pinuju mêdal ing lurung, sarêng sumêrêp jêjaka wau lajêng nyêlak sarwi apitakèn nama tuwin pinangkanipun. Ingkang tinakenan mangsuli bilih piyambakipun tiyang kabur kanginan, namanipun miturut ingkang mastani, sêdyanipun badhe ngupados pangengeran, mila lajêng nêmbung ngèngèr dhatêng bok rôndha wau. Bok rôndha kapinujon ing manahipun, jêjaka [jê...]

--- 20 ---

[...jaka] kaajak mantuk kaaturakên kyai agêng. Kalêrêsan kyai agêng wau botên darbe anak tur kapenginipun sangêt, jêjaka lajêng kapêndhêt anak, kanamakakên Bocah. Nalika samantên pangupajiwanipun kyai agêng langkung gampil, sadaya ingkang katanêm sami tulus-tulus, lami-lami kasugihanipun kyai agêng sangsaya ngrêda. Mila sangêt ing trêsnanipun dhatêng anak pupon wau, panganggêpipun kadosdene anakipun piyambak. Nanging pun Bocah botên badhe agêng manahipun, ingkang kacipta namung ngupados margining kautamèn, ing sadintên-dintên tansah nyêgat ing margi agêng. Yèn pinanggih tiyang ngrêmbat utawi anggêgendhong barang ingkang kawratên, kaêtêrakên ngantos dumugi ing griyanipun, yèn wontên ingkang nyukani pituwasing kangelanipun inggih katampenan kalihan bingahing manah, sasampunipun lajêng kawangsulakên malih minôngka sidhêkahipun. Kacariyos pun Bocah punika saking wicaksananipun yèn pinuju dintên Jumuwah sagêd sêmbahyang wontên ing masjid Mêkah ngantos botên sagêd kasumêrêpan tiyang ingkang nunggil sagriya, ananging lami-lami ugi [u...]

--- 21 ---

[...gi] kasumêrêpan, jalaran makatên: wontên satunggiling tiyang Lasêm minggah kaji. Sarêng dumugi ing Mêkah, badhe wangsul mantuk botên sagêd, jalaran katêlasan sangu, mila sangêt ing prihatosipun. Piyambakipun nuntên sowan ing ngarsanipun sèh, inggih punika satunggiling tiyang ingkang sampun kaanggêp dados sêsêpuhing nagari ngriku, ngaturakên kasangsaraning badanipun saha nyuwun pitêdah sagêdipun wangsul dhatêng nagarinipun, sèh wêlas dhatêng khaji wau, lajêng aparing pitêdah makatên: he, khaji, yèn kowe kapengin bisa mulih marang tanah Jawa, besuk dina Jumuwah ngarêp iki yèn panuju akèh khaji padha sêmbahyang ing masjid, golèkana khaji isih bocah, panganggone sarwa lurik irêng, sabubare sêmbahyang banjur gendholana jobahe, kambi suwunana pitulungan bisamu mulih, saiki kowe mundura, lakonana kang dadi pituturku. Khaji lajêng mundur kalihan asrêping manah.

Sarêng panuju dintên Jumuwah kathah khaji sami sêmbahyang katiti saking satunggil, sayêktos wontên satunggiling khaji ingkang panganggenipun cocog kalihan dhawuhing sèh wau. [wa...]

--- 22 ---

[...u.] Sabibaring sêmbahyang enggal dipun gendholi jobahipun, sarwi matur ngrêrêpa nyuwun tulung sagêdipun mantuk dhatêng ing griyanipun Lasêm. Khaji kapurih gendholan saha mêrêm kemawon, sakêdhap sampun dumugi ing Lasêm lajêng kapurih mêlèk. Sarêng mêlèk andadosakên ing gumunipun, dene sumêrêp-sumêrêp sampun dumugi ing sangajênging griyanipun, saking sangêting bingah khaji lajêng ngampirakên dhatêng tiyang nem-neman wau sumêdya malês ing kasaenan. Ingkang kaampirakên botên karsa nuruti, namung mêling benjing yèn sêpên ing pambêngan, pun khaji kapurih martuwi dhatêng ing Bonang, tumuntên sami andum wilujêng sowang-sowangan andumugèkakên dhatêng griyanipun piyambak-piyambak, sadumugining griyanipun, khaji karubung dening anak semah saha sadhèrèk punapa malih tôngga têpalihipun, sami martosakên sababing ngantos lami wontên ing Mêkah, khaji lajêng ngandharakên lampahipun sadaya ingkang pinanggih ing badanipun, para ingkang mirêngakên sami gumun saha ngêrês manahipun. Botên antawis lami khaji wau sumêdya têtuwi dhatêng Bonang, semahipun lajêng kapurih

--- 23 ---

andamêl têtêdhanan ingkang sae badhe kadamêl angsal-angsal, sasampunipun nuntên bidhal. Sadumugining Bonang dèrèng ngantos madosi sampun kapêthukakên dening jêjaka wau, kairit ing griya lajêng kapapanakên lênggah, angsal-angsal katur têrus kalêbêtakên ing griya. Kyai agêng sumêrêp bilih wontên tamu lajêng mêdal amanggihi, ngantos dangu anggènipun sami rêrêmbagan, wusana kyai agêng apitakèn wadosipun, têka anakipun kapunjung. Tamu nyariyosakên wiwitan engga pungkasan, sarêng sampun lajêng pamitan mantuk, sapêngkêripun tamu kyai agêng anjêngêr, kamanah-manah ngantos dangu, wasana darbe pangintên bilih lare ingkang kapêndhêt anak punika sayêktosipun waliyolah, mila katawis ing sêmu ragi ajrih, panganggêpipun beda kalihan adatipun. Pun Bocah sumêrêp dhatêng sêmuning kyai agêng, sangêt adamêl rikuhipun. Lajêng pamit kesah sumêdya ngupados puruitan. Kyai agêng anjurungakên, pun Bocah lajêng bidhal purugipun ngilèn lêrês, cêkaking cariyos sampun dumugi ing nagari Cirêbon, anjujug ing pondhok pasantrènipun [pa...]

--- 24 ---

[...santrènipun] Kangjêng Susuhunan Cirêbon. Kabagèkakên para santri, pun Bocah mangsuli yèn saking dhusun Bonang (Lasêm) sêdyanipun badhe puruita ing pondhok ngriku. Lare katur dhatêng lurah pondhok sarta wiwikwiwit. wêktu punika kacacah dados santrining pondhok ngriku. Pasantrèn Cirêbon punika caranipun bilih ngisèni kolah katata giliran nyadasa utawi langkung, amargi saking kathahipun murid. Sarêng dhawah giliranipun santri enggal sakancanipun, kolah lajêng kaisenan piyambak, dèrèng ngantos saêjam sampun kêbak, kancanipun sami gawok, lajêng angaturi pawartos dhatêng lurahing pondhok, bilih santri enggal punika langkung dènira sêkti, amargi sagêd ngêbaki kolah dèrèng ngantos sajam, môngka adatipun kaisenan lare sadasa sadintên muput botên sagêd kêbak. Bab punika lajêng konjuk ing ngarsanipun wali Kangjêng Sunan Cirêbon, pangandikanipun Kangjêng Sunan: aku ora ngandêl yèn kolahe wis kêbak, kiraku isih kothong, coba padha tilikana manèh. Para santri enggal sami nuwèni, katingal kolah sampun [sampu...]

--- 25 ---

[...n] sat gêrèng, sakathahing santri sami alok-alok bilih kolahipun sampun sat malih. Dupi santri enggal mirêng lajêng wicantên malih: gajêge dhèk wau têka êmpun kêbak, cobi ta, bok pada dika tiliki. Para santri agahan nuwèni, sayêktos kolah sampun kêbak mêncêp-mêncêp. Para santri munjuk malih dhatêng ngarsanipun Kangjêng Susuhunan, yèn kolah nyata kêbak. Kangjêng Sunan ngandika: iya sukur, saiki santri anyar iku undangên mrene. Santri enggal lajêng kairid sowan. Sarêng Kangjêng Sunan pirsa wujuding santri wau, botên kakilapan bilih punika sayêktosipun badhe wali. Lajêng kadangu saliring pangawikan, wangsulanipun botên wontên ingkang kuciwa, mila lajêng ingandikakakên wangsul kondur malih, saha kabêbahan mranata agami Islam ing tanah Jawi Têngah. Ingkang dhinawuhan botên talompe, sakêdhap sampun dumugi ing Bonang. Kyai agêng sumêrêp bilih anakipun dhatêng sangêt andadosakên bingahing manahipun, tumuntên kayasakakên panggenan piyambak. Nalika samantên pun Bocah sampun diwasa, lajêng wiwit mêncarakên agami Islam. [I...]

--- 26 ---

[...slam.] Saking wasising pamuruk saha luhuring budinipun, andadosakên kèdhêping tiyang dhusun Bonang sadaya, lami-lami ajêjuluk Kyai Modin, amargi sinêpuh-sêpuh.

Gêntos kacariyos, wontên bêbenggoling durjana, anama Blacakngilo, adhêdhepok ing pucakipun rêdi Bonang. Sampun komuk ing ngakathah yèn pun Blacakngilo wau langkung dènira sêkti amôndra guna, sagêd manjing ajur-ajèr, muridipun langkung kathah, padamêlanipun Blacakngilo samuridipun ing sadintên-dintên amung tansah ambegal, anjarah rayah ing padhusunan, yèn wontên ingkang bôngga kapêjahan. Ingkang makatên wau adamêl kêkês mirisipun tiyang gêgriya, têmahan sami nyuwun tulung dhatêng Kyai Modin, sagêda mênggak ambêk niayanipun Blacakngilo. Kyai Modin lajêng tindak ing padhepokanipun Blacakngilo.

Kocapa ingkang wontên ing padhepokan sampun sumêrêp bilih badhe kadhatêngan mêngsah, lajêng ngêmpalakên para muridipun, kapurih sami ngatos-atos amargi badhe kadhatêngan mêngsah ingkang langkung dibya sura sêkti, inggih

--- 27 ---

punika pun Modin Bonang. Para muridipun kapurih sêdhiya sela pintên-pintên ingkang agêngipun saprangkul-prangkulan, pamrihipun yèn Kyai Modin minggah ing padhepokan, lajêng dipun gunturana sela saking nginggil, supados gampil pêjahipun. Dèrèng watawis dangu Kyai Modin sampun dhatêng, para murid sami botên wontên ingkang sumêrêp margi ingkang kaambah, tumuntên lênggah ing ngajêngipun Blacakngilo. Blacakngilo apitakèn: ontên damêle napa Si Modin têka mriki, napa pêrlu ajêng sêjarah mawon. Wangsulanipun Kyai Modin: têka kula ing ngriki niki, nampi ature kônca kula tiyang dhusun Bonang. Napa bênêr yèn ki sanak sakancane padha agawe rêrusuh ngaru biru tiyang gêgriya, yèn dhasar nyata bêcik dimarèni, napa pakolèhe agawe kasusahaning sapadha-padhane tumitah. Blacakngilo sarêng mirêng cariyosipun Kyai Modin lajêng nêpsu sarwi wicantên: hèh, Modin, pêrlune apa dahwèn anglarangi kêkarêpane wong. Iya yèn kowe arêp ngalang-alangi, môngsa andadak mundura, aja manèh wong siji, sanajan aku kinrubuta wong sa-Bonang kabèh, kaya-kaya [kaya-ka...]

--- 28 ---

[...ya] ora anggigrigake wuluku salômba. Ayo Kyai Modin ngadu kasantikan. Blacakngilo lajêng angêdalakên kasantikanipun, kêthunipun kacêpêng kaumbulakên sagêd muluk ing gêgana, Kyai Modin kapurih nututi, trêngginas ambujêng kêthu sakêdhap sampun kacêpêng kabêkta ing ngajêngipun Blacakngilo. Blacakngilo rumaos kalingsêman, lajêng anyandhak gandhèn kapuja dados sawung, Kyai Modin dipun ajak ngabên sawung, nuntên amuja palu dados sawung. Kaabên langkung rame, gêbag-ginêbag, sarêng sawungipun Blacakngilo kapranan sanalika gandhèn malih. Blacakngilo rumaos kawêkèn, lajêng ngajak dhêlikan, Kyai Modin mituruti sapikajêngipun, sanalika Blacakngilo anggayuh ing ngakasa nguwuh-uwuh saking nginggil: he, santri buki, Si Modin kang nistha ing budi, gawemu ngalap wêjani, tututana aku. Kyai Modin lajêng anjawil saking wingking, Blacakngilo kagèt tumuntên niyub mangandhap, amblês ing dhasaring bumi. Ing ngriku darbe pangintên yèn Kyai Modin sampun botên sumêrêp piyambakipun, sarêng mlengak sampun wontên ing wingkingipun, [wingkingi...]

--- 29 ---

[...pun,] enggal lumajêng sarosanipun mancungul ing rêdi Kajar (Lasêm) Kyai Modin sampun pinarak sacêlakipun ngriku. Amblês malih mancungul ing rêdi Rèngêl, Kyai Modin ugi sampun wontên ing ngriku, amblês malih mancungul ing rêdi Bêkti sakidulipun kitha Tuban, Kyai Modin makatên ugi sampun jumênêng ing sacêlakipun. Amblês malih mancungul ing sapinggiring Bênawi Sala labêtipun dados guwa ing panggenan wau kanamakakên Guwa Sêntana. Kyai Modin ugi sampun mêndhêt toya wulu ing ngriku. Blacakngilo rumaos kajodhi ing kasêktèn saha sampun sangêt sayahipun, mila lajêng sumendhe ing sakarsanipun Kyai Modin. Patilasanipun dados dhusun kanamakakên dhusun Mèndhèn, amargi sumendhenipun Blacakngilo wontên ing ngriku. Kyai Modin lajêng wangsul kondur ing Bonang malih, rawuhipun adamêl suka panarimahipun tiyang kathah. Kyai Modin anglajêngakên pamurukipun agami Islam, saya lami sangsaya kathah muridipun, ngantos kasungsung tiyang saking môncanagari. Kuncaranipun Kyai Modin langkung têbih, lajêng ajêjuluk [ajêjulu...]

--- 30 ---

[...k] Sèh Maulana Mahribi inggih Kangjêng Susuhunan Bonang, amargi adêdalêm ing dhusun Bonang.

Ingkang kasêbut ing nginggil punika, anyariyosakên pêrangipun Sunan Bonang kalihan Blacakngilo. Wontên ugi ingkang anyariyosakên pêrangipun Kyai Pandhanarang (Sunan Bayat) kalihan tiyang kapir.

Kacariyos Kyai Pandhanarang kesah sumêdya anggêguru ing Sunan Kalijaga. Mênggah saking lêlampahanipun kasumêrêpan ing kasêktènipun, dados panêngêran bilih piyambakipun sanès tiyang urakan, ananging angatawisi badhe calon wali ugi, pramila sadaya para muridipun kathah ingkang sami suyut miturut dhatêng piyambakipun, punapa malih ingkang sami dhatêng saking ing pundi-pundi sami anggêguru.

Anuju satunggiling dintên, Kyai Pandhanarang dhatêng ing Rêdi Gambar, inggih punika pratapanipun Ki ajar Prawira Sêkti. Lajêng kengkenan muridipun angupadosi ajar wau, ananging botên dipun panggihi, malah sintên-sintêna ingkang purun angambah ing pratapan ngriku dipun galundhungi ing

--- 31 ---

sela, dados para muridipun Kyai Pandhanarang sadaya sami wangsul, angaturakên punapa kawontênanipun.

Kyai Pandhanarang tumuntên lumampah piyambak, sawêg dumugi sukuning rêdi Gambar kasumêrêpan dening ki ajar, botên sarônta kapêndhêtakên sela ingkang agêng-agêng dipun galundhungakên dhatêng Kyai Pandhanarang, ananging tangèh sagêd andamêl kasangsaranipun, amargi saking kasêktènipun Kyai Pandhanarang, gamparanipun kemawon sagêd angêndhêg sela wau. Sasampunipun dumugi pucaking rêdi lajêng sami bêbantahan, ki ajar botên purun manut ing piwulangipun Kyai Pandhanarang, saha kumêdah angabên kasêktènipun, dene sintên ingkang kasoran inggih punika dados rencangipun ingkang unggul (mênang).

Ki ajar anguculakên pêksi dara bablas ibêripun, sanalika punika ngantos botên katingal. Kyai Pandhanarang ambucal gamparipun manginggil, sagêd amragad ing pêksi dara wau. Sanadyan makatêna pun ajar ugi dèrèng purun kawon, lajêng amêndhêt kêthunipun kaumbulakên, ugi kasaut dening gamparanipun Kyai Pandhanarang [Pandha...]

--- 32 ---

[...narang] ingkang sasisih (satunggalipun), ananging pun ajar mêksa dèrèng rumaos kawon, nuntên anyiluman andhêlik wontên sangandhaping sela. Patrapipun makatên wau katingal kemawon dening Kyai Pandhanarang, mila nuntên kagèrèt mêdal saking sangandhaping sela wau. Pun ajar angewahi prajangjinipun: sapunika Kyai Pandhanarang gêntos kapurih andhêlik, ki ajar ingkang ngupadosi.

Sarêng sampun dangu anggèning ngupadosi dhatêng Kyai Pandhanarang botên sagêd kapanggih, saking sangêting sayah ngantos tanpa daya, wusana asrah tobat saha lajêng manjing dados sakabat.

Wontên malih cariyosipun Kyai Pandhanarang pêrang kalihan Ajar Citragati.

Kados ingkang sampun kacariyos, ajar punika botên purun kasoran dening Kyai Pandhanarang, mila angabên kasêktènipun malih: Ajar Citragati ambucal kudhinipun manginggil, Kyai Pandhanarang angumbulakên aritipun. Kudhi kalihan arit têmpuk lajêng sami tarung wontên [wo...]

--- 33 ---

[...ntên] ing nginggil, dene kudhi kawon sigar dados kalih, arit ingkang mênang.

Ki ajar dèrèng rumaos kawon, amêndhêt kêndhi isi toya kabucal manginggil, toyanipun botên sagêd wutah. Kyai Pandhanarang anguncalakên têkênipun anututi kêndhi wau, kêndhi kenging dipun thuthuk ing têkên pêcah (rêmuk) dhawah ing siti, toyanipun botên ical mawut, nanging awarni kêndhi ugi. Wêkasan pun ajar rumaos kawon kaprawiranipun lajêng manut dhatêng Kyai Pandhanarang dados muridipun.

Sedanipun Kangjêng Susuhunan Bonang kasarèkakên ing dhusun Bonang, kapanjingakên ing masjid Bonang.

Sawênèhing cariyos, Kangjêng Sultan ing Madura kèlu saking kapitadosan, bilih tanah Madura sagêd dipun panggèni pasareanipun Kangjêng Susuhunan Bonang, pawingkingipun ingkang sarira dumugi satêdhakturunipun sagêd manggih kawilujêngan, mila lajêng utusan para abdi saking Madura ambêkta baita agêng ingkang dipun wastani baita Mayang, andhudhuk pasareanipun Kangjêng Susuhunan wau

--- 34 ---

wontên ing Bonang. Inggih lêrês pinanggih sarupi mayid.mayit. Para têtiyang Madura lajêng mêndhêt mayit wau, kawrat ing baita, tumuntên baita kalampahakên, saking Bonang lampahipun baita mangetan, wêktu samantên ingkang nglampahakên baita sami asuka-suka, nanging sarêng dumugi sagantên salèripun Tuban, lajêng katêmpuh ing barat, baita nuntên kakèndêlakên, sarêng angin sampun kèndêl, baita kalampahakên malih, nanging tansah botên sagêd lumampah, mila lajêng sami gadhah akal, baita ingkang angêwrat mayit wau katarik dening baita-baita sanèsipun, ugi botên sagêd lumampah, kèndêl kemawon, para tiyang Madura wontên ingkang ngunjuki pirsa Kangjêng Sultan Madura bab punika. Kangjêng Sultan lajêng utusan yasa baita kangge angglèndhèng, sarêng sampun mirantos, nuntên kalampahakên, sadumuginipun ing panggenan baita ingkang mogok, lajêng kagèrèt, nanging sadaya budidaya wau botên migunani. Kangjêng Sultan Madura nuntên mundhut rêmbag dhatêng para santana utawi para pinisêpuh, pinanggihing rêmbag, kangjêng sultan andhawuhakên, [andhawuhakê...]

--- 35 ---

[...n,] mayit wau andikakakên ngubur wontên ing kitha Tuban sacêlakipun panggenan kèndêling baita. Utusan wau lajêng numpak baita dhatêng panggenan wau. Ingkang dados kagètipun têtiyang Madura, sadumuginipun cakêting baita, sampun aningali, baita wau awit sagêd lumampah minggir nyakêti dharatan, kalêksanan mayit wau kasarèkakên ing kitha Tuban, ingkang ngantos sapriki taksih dados panggenan sajarahipun para tiyang agami Islam.

Banawi Pasarsore

Salèripun dhusun Mêrbong bawah ondêrdhistrik Ngrao, dhistrik Tambakrêja, kabupatèn Bojanagara, kapêrnah sabrang lèr, dhusun nama Jipang, tumut bawah dhistrik Panolan, kabupatèn Blora, ing ngriku wontên panggenan tilas karatonipun Adipati Jipang, ingkang ajêjuluk Ariya Panangsang inggih Prabu Ariya Dikrama.

Tilas kraton Jipang punika dumunung sapinggiring Banawi Sala, kapêrnah sakilènipun kraton, kadamêlakên sudhetan [sudhe...]

--- 36 ---

[...tan] banawi enggal, dumugi lèpèn Kêcing têrus Banawi Sala malih. Jêmbaring siti ingkang kaubêngan lèpèn, inggih punika ingkang kadamêl kithanipun Ariya Jipang, watawis wontên sapal pasagi. Ing sapunika panggenan wau limrah kawastanan banawi Pasarsore.

Pramila Ariya Jipang yasa kitha mawi kinubêng ing larèn (lèpèn), awit panjênênganipun pancèn sumêdya mampang, botên karsa kaêrèh ing sanès.

Kacariyos nalika Ariya Panangsang jumênêng Adipati Jipang, ingkang dados pêpatihipun wasta Radèn Mataun, taksih kapêrnah sadhèrèk rilak§ Ing Surakarta kawastanan: sadhèrèk palihan. (tunggil nusu), titihanipun Ariya Panangsang kapal cêmêng nama Gagak Rimang, paringan saking Kangjêng Sultan Bintara, langkung wantêr kangge paprangan, awit punika kacriyos titisipun Radèn Wôngsapati, patihipun Rônggalawe ing Tuban. Dene wasiyatipun Ariya Panangsang dhuwung wasta Setan Kobêr, waos nama Tundhung Mungsuh.

Botên antawis lami Ariya Panangsang kalurugan prajurit saking Pajang, ingkang nyenapatèni Kangjêng Sultan Pajang

--- 37 ---

piyambak, kanthi abdi prajurit kêkasih nama Ngabèi Sutawijaya, putranipun Kyai Agêng Pamanahan, ing nagari Mataram, sarta kanthi Kyai Agêng Pamanahan lan Pênjawi. Nalika campuhing pêrang, Ariya Panangsang nyabrang banawi Pasarsore rumiyin, awit saking wantêripun, botên kuwawi mirêng sêsumbaring prajurit Pajang, môngka nalika wiwit pêrang sampun wontên swara, sintên ingkang nyabrang banawi rumiyin, masthi apês yudanipun. Rèhne ingkang dipun ajrihi bala Pajang kapalipun, mila lajêng dipun akal dening Ngabèi Sutawijaya, anandhingi pêrang mawi numpak kapal èstri, Kyai Agêng Pamanahan lan Pênjawi sami ngrundhuk ambêkta waos. Sarêng kapal titihanipun Ariya Jipang sumêrêp kapal èstri lajêng anggambira, botên kenging kaêrèh olahing pêrang, andadosakên gampiling pamrajayaning mêngsah. Ariya Jipang tinumbak dening Kyai Agêng Pamanahan lan Pênjawi, ususipun mêdal, nanging lajêng kasampirakên ing dhuwungipun, kalihan têksih angamuk punggung. Wasana dangu-dangu kinrubut ing kathah, andadosakên sirnanipun, nagari Jipang bêdhah, nuntên [nu...]

--- 38 ---

[...ntên] dados bawahipun kraton Pajang. Wiwit nalika punika kratonipun Ariya Jipang risak.

Nalika sugêngipun Ariya Jipang karsa yasa sela gong, ing samangke sela gong punika taksih wontên, kêlêm ing toya Banawi Sala kapêrnah sangajêngipun banawi Pasarsore. Têtiyang baita bilih dumugi ing ngriku kêdah angatos-atos, sumingkir saking sela gong punika, saha botên kenging wicantênan ngangge têmbung ingkang botên prayogi, upami botên makatên saèstu manggih bilai.

Ing sasedanipun Ariya Jipang, kratonipun botên wontên ingkang ngopèni, lami-lami sudhetan banawi ingkang nama Banawi Pasarsore wau pulih malih, sapunika sampun kenging kasabin, lan kadamêl patêgilan. Siti labêt dalêm miwah masjid, sapunika taksih katingal gênêng, kathah banon-banonipun agêng, nanging têtiyang sami ajrih mêndhêti jalaran kuwatos kenging wilalatipun.

Ing dhusun Mêrbong, Payaman, Jipang, ngantos sapriki bilih wontên kapal ingkang manak mêdal jalêr ulês cêmêng, têmtu botên sagêd gêsang, manawi mêdal èstri ulês cêmêng sagêd [sagê...]

--- 39 ---

[...d] ugi gêsang, lampahipun prayogi sarta sakalangkung santêr. Bab êngkangingkang. makatên punika, saking cariyosipun tiyang inggih saking sawabing titihanipun Adipati Jipang ingkang nama Gagak Rimang.

Ing ngriku ugi prêlu katêrangakên bab cariyosipun Arya Panangsang anggèning botên purun kaêrèh dening tiyang sanès. Bilih miturut kawontênanipun ing sêrat babad sapanunggilanipun, Arya Panangsang punika têtela satunggiling tiyang ingkang lampahipun botên wontên sanès kajawi namung sumêdya angrisak dhatêng ing karaton Dêmak, ananging manawi kapatitisakên sampun tamtu lajêng sami salin ing pamanggih.

Mulabukanipun nagari Dêmak punika ingkang angratoni Radèn Patah, Radèn Patah apêputra nênêm:

1. Garwanipun Pangeran Cirêbon,

2. Pangeran Sabrang Lèr (seda botên pêputra),

3. Pangeran Seda Lèpèn (inggih punika ingkang rama Arya Panangsang),

4. Pangeran Trênggana,

5. Radèn Kandhuruhan (Pangeran Panggung),

6. Radèn Pamêkas.

--- 40 ---

Ing sasedanipun Radèn Patah, ingkang gêntosi jumênêng nata Pangeran Sabrang Lor, botên antawis dangunipun lajêng seda saha botên pêputra, nuntên kagêntosan ing Pangeran Trênggana. Sasedanipun Pangeran Trênggana, mênggah ingkang pantês anggêntosi kaprabon Pangeran Seda Lèpèn, ananging Pangeran Seda Lèpèn wau lajêng seda kacidra dening Pangeran Prawata, putranipun Pangeran Trênggana, inggih punika ingkang gêntosi jumênêng nata.

Pangeran Seda Lèpèn pêputra Arya Panangsang, dados sapunika sampun cêtha bilih Arya Panangsang wau pancèn anggadhahi karaton ing Dêmak. Ananging salaminipun Pangeran Trênggana jumênêng nata botên dipun prêduli, sasedanipun Pangeran Trênggana lajêng kagêntosan dening putranipun piyambak. Pramila Arya Panangsang botên sagêd angampah bêntèring manah, dene panyidranipun dhatêng ingkang rama (Pangeran Seda Lèpèn) wau saking melik dhatêng kaprabon ingkang dados wajibipun. Satêmah Pangeran Prawata lajêng seda kacidra dening Arya

--- 41 ---

Panangsang, ananging ugi dèrèng marêm manahipun sabab Pangeran Trênggana kagungan putra-putri sakawan saha sampun krama dhaup kalihan:

1. Pangeran Langgar (ing Madura),

2. Pangeran Kalinyamat (Japara),

3. Pangeran Cirêbon,

4. Jaka Tingkir, Adipati Pajang.

Arya Panangsang nuntên utusan anyidra Pangeran Kalinyamat, kalampahan seda, lajêng utusan malih anyidra dhatêng Jaka Tingkir ing Pajang, ananging botên sagêd kasêmbadan, malah Arya Panangsang piyambak ingkang nandhang tiwas (seda), kadosdene ingkang kasêbut ing nginggil punika.

Tinggang

Ing sangandhapipun banawi Pasarsore wontên kêdhungipun nama Kêdhungbraja, ing ngriku kajogan lèpèn alit nama Tinggang, ingkang tukipun saking rêdi Ngancik, sakilènipun rêdi Pandhan. Mila lèpèn punika kanamakakên [kanamakakê...]

--- 42 ---

[...n] Tinggang, jalaran saking cariyosipun tiyang kina, ing kala rumiyin ngriku punika wontên danawa pêjah bathangipun ambrêganggang, dados nama Tinggang punika pamêndhêtipun saking têmbung: mati kalihan ambrêganggang, kawancah dados tinggang, gancaring cariyos makatên:

Anuju satunggiling wêktu, wontên danawa kaluwèn lumajêng saking kidul, anjog ing dhukuh Nituwan, kèndêl wontên ing griyanipun rôndha ing padhukuhan ngriku, gadhah panêmbung supados kasukanana nêdha, saking ajrihipun bok rôndha inggih lajêng anglêksanani panêdhanipun, enggal bêthak sarta kêlan jantung (sêkar pisang). Ing sarèhne anggènipun nyambut damêl sêmu gugup, nalika piyambakipun ngiris jantung tanganipun kapêrang, rahipun amor kalihan iris-irisan jantung wau. Sarêng anggènipun olah-olah nyai rôndha sampun matêng, nuntên kasukakakên dhatêng danawa, dipun têdha karaos sêgêr badanipun, nanging kirang marêm, kapengin môngsa tiyang, nyai rôndha sumêdya kamôngsa, nanging nuntên lumajêng, ing sapurugipun dipun êlud, ngantos dumugi ing dhusun Prangi, ing ngriku nyai

--- 43 ---

rôndha kapitulungan dening kyai agêng ing Prangi, danawa lajêng dipun papagakên kyai agêng, sami pêpêrangan, jalaran saking punika panggenan papan pêrangan wau dados dhusun kanamakakên dhusun Prangi. Pêrangipun kyai agêng ngantos dangu dèrèng wontên ingkang kasoran, ing wasana danawa dipun jêmparing dening kyai agêng kenging dhadhanipun, tumuntên lumajêng, wêkasan ambruk pêjah ambrêganggang, panggenan pêjahipun ing sapunika dados dhusun nama Tinggang, dene ing ngriku ngantos sapunika taksih asring pinanggih balungipun agêng-agêng, saking panyananipun tiyang kathah, punika balunging danawa ingkang pêjah ing ngriku, nanging para pujôngga Eropah amastani kêkajêngan jaman kina ingkang sampun malih rupi dados sela (versteeningen).

Bênawi Gêtas

Ing ngandhapipun banawi Pasarsore wontên panggenan ingkang mutawatosakên tumrap tiyang baita, inggih punika banawi Gêtas, ing ngriku satêngahipun banawi wontên pulonipun kêkalih ingkang dumados siti walêd. [walê...]

--- 44 ---

[...d.] Bilih toya banawi pinuju agêng, pulo wau sami botên katingal, jalaran kasilêb ing toya. Tiyang baita utawi tiyang ingkang nglampahakên gèthèk, manawi botên ngatos-atos, asring manggih bilai katanggor ing pulo wau.

Kêdhung Wêr Pitu

Ing sangandhapipun banawi Gêtas, wontên kêdhung nama Wêr Pitu, inggih punika dumunung ing têkukaning banawi, toyanipun dados saulêkan.ulêkan. Ing ngriku ugi wontên pulo satunggal, ingkang dumados siti tlapak (siti ingkang atos sangêt saèmpêr sela), nanging salaminipun kêlêm ing toya, têtiyang ingkang nglampahakên baita utawi gèthèk, pêrlu anyumêrêpi pêrnahing panggenanipun pulo wau.

Kacariyos ing jaman rumiyin, bilih wontên baita utawi gèthèk ingkang langkung ing ngriku, dèrèng purun lajêng yèn dèrèng musêr kaping pitu, pramila katêlah ngantos sapunika kêdhung wau kasêbut nama: Wêr Pitu.

--- 45 ---

Sobrah Pangantèn

Ing dhukuh Sêmandhing bawah dhusun Kêmiri, wontên panggenan ing têngahing banawi kanamakakên Sobrah Pangantèn, inggih punika kajêng sapasang ingkang gêsang ing têngah-têngahing Banawi Sala. Saking cariyosipun tiyang Jawi, kajêng kêkalih punika kadadosanipun pangantèn jalêr èstri ing jaman kina, ingkang nyabrang ing Banawi Sala, ananging kêlêm ing ngriku, ngantos sapunika têksih kaanggêp singit, jalaran sampun kathah katatalanipun, bilih tiyang nglampahakên baita kasambi gêgujêngan lan sambranan, asring manggih bilai.

Kêdhung Waleyan

Banawi Sala kaprênah dhusun Pêthak, wontên kêdhungipun nama Waleyan, saking kapitadosanipun tiyang Jawi, ing ngriku punika wontên setanipun ingkang ambaurêksa nama Kyai Singajaya, dene ingkang dipun panggèni ing wit asêm agêng dumunung sapinggiring kêdhung, ing ngandaping asêm wau asring dipun sêkar tiyang Jawi ingkang sumêdya mêndhêt [mê...]

--- 46 ---

[...ndhêt] kasugihan. Têrkadhang Kyai Singajaya punika manggèn ing kajêng ingas ingkang dumunung ing pinggiran banawi dhusun Majênun, ing ngriku ugi kasêkar dening tiyang ingkang badhe gadhah damêl mawi nabuh gôngsa, nyuwun palilah Kyai Singajaya, awit yèn botên makatên ingkang gadhah damêl asring manggih pambêngan.

Kêdhung Srungga

Banawi Sala dumunung ing dhukuh Kampak, dhusun Tanggir, wontên kêdhungipun ingkang kanamakakên kêdhung Srungga, miturut cariyosipun tiyang kina, ing ngriku wontên bayanipun ingkang sakalangkung galak, yèn wontên tiyang adus utawi nglampahakên baita asring kaganggu, mênggah panggenanipun baya punika miturut gothèking tiyang Jawi wontên ing gua, ingkang têmbusanipun dumugi ing Nglirip dhistrik Singgahan. Lami-lami baya wau kadhawahan sela agêng botên sagêd budi, yèn pinuju môngsa labuh, asring anyuwara gumludhug, kenging kangge têtêngêran tiyang tani, samôngsa ing ngriku wontên swara makatên, anggènipun sêsabin [sêsa...]

--- 47 ---

[...bin] tiyang tani badhe mêdal, ananging sapunika kêdhung Srungga punika namung môngsakala têksih wontên ingkang mirêng swaranipun gumludhug, ananging botên patos cêtha kados nalika jaman kina, jalaran wana pajatosan ingkang cêlak ing ngriku, ingkang kala rumiyin wana pajatosan agêng, ing sapunika sampun dados wana tarataban.

Pêpundhèn Tulung

Kapêrnah sakilènipun nagari Bojanagara, dumunung sapinggiripun Banawi Sala, wontên dhusun nama Tulung, ing ngriku wontên satunggiling pasarean ingkang kramat. Saking cariyosipun tiyang sêpuh-sêpuh, ingkang sumare punika kasêbut gusti radèn, inggih punika putra saking nagari Pajang ingkang kèngsêr saking paprangan, jalaran nagari Pajang kabêdhah dening Panêmbahan Senapati ing Mataram.

Saking tôndhayêkti ingkang sampun kalampahan, pasarean Tulung punika botên kenging kadamêl sambarangan. Kacariyos kala rumiyin wontên tiyang ing dhusun Tulung ingkang sami purun mêndhêt palanging pasarean, pêrlu kadamêl kajêng [ka...]

--- 48 ---

[...jêng] dang, wasana tiyang wau botên lêd dintên lajêng bisu, namung sawatawis wulan dados pêjahipun.

Wontên anèhipun malih, tiyang sadhusun Tulung punika sami ajrih ngombe arak, awit sampun wontên kayaktosanipun, satunggiling tiyang ing dhusun Tulung ingkang nyobi ngombe arak, lajêng kacandhak sêsakit ewah, ngantos dumugi ing tiwasipun. Bab makatên punika inggih saking kramating pasarean wau.

Pasarean Buyut Kancana

Kapêrnah salèr wetanipun nagari Bojanagara, ing pinggiring banawi ingkang têmbing lèr wontên rêdinipun alit, tumut bawah dhusun Banjarsari, punika wontên pasareanipun nama Buyut Kancana, kawartos ingkang sami sumare ing ngriku para putra Pajang ingkang sami lolos tilar praja, nama Buyut Kancana, Buyut Irapati lan Buyut Sungging, lolosipun saking Pajang sami ambêkta garwa putra, lajêng sami dhêdhepok ing dhusun Banjarsari, acakal bakal ing ngriku, ngantos dumugi ing sedanipun, [sedanipu...]

--- 49 ---

[...n,] sarta kasarèkakên ing pasarean Buyut Kancana, kajèjèr sanga, jalaran saking punika sarean wau ugi kanamakakên Buyut Sanga, ing sabên taun pasarean punika dipun mêmule dening tiyang sadhusun Banjarsari, kasuwun sawabipun pandonga wilujêng. Dene pasareanipun Buyut Irapati dados pasadrananipun tiyang ingkang nglampahakên baita utawi gèthèk.

Ing nalika jaman taksih sugêngipun Buyut Irapati, wontên cacriyosanipun kados ing ngandhap punika:

Anuju ing satunggiling dintên, garwanipun Buyut Irapati kesah dhatêng banawi kalihan ambêkta uwos, badhe dipun pususi, putranipun wontên ingkang andhèrèk satunggal. Sarêng Nyai Irapati sawêg mususi, dumadakan wontên baya nyarap, Nyai Irapati kabêkta amblês ing toya. Putranipun Nyai Irapati enggal lumajêng mantuk, matur ingkang rama kalihan anangis, bilih ingkang ibu kabêkta amblês ing toya dening baya. Sanalika Buyut Irapati enggal lumajêng dhatêng lèpèn, ambyur ing banawi, ing ngriku katingal baya lumajêng dhatêng

--- 50 ---

kêdhung Dhêpis dhusun Sima, têbihipun watawis sakawan pal. Buyut Irapati angêlud lampahipun baya, ngantos dumugi ing kêdhung Dhêpis wau, ing ngriku pinanggih kalihan ratuning baya, lajêng ngandika: hèh ratuning baya, têkaku mrene arêp anjaluk pitikku putih wadon, kagawa bocahmu kene.

Mila Buyut Irapati ngandika makatên, sabab rumaosipun, ingkang sami katingal ing ngajêngipun awarni janma manungsa, namung wontên ingkang anèh satunggil, inggih punika ayam pêthak dumunung ing kurungan susug.

Ratuning baya: Punapa punika kagungan sampeyan ayam ingkang kabêkta kônca kula.

Buyut Irapati: Iya iki pitikku kang kacolong bocahmu.

Ratuning baya: Manawi ayam punika kagungan sampeyan, inggih sumôngga sampeyan pundhut.

Buyut Irapati: Aku anjaluk bocahmu kang wis wani-wani nyolong pitikku, sabab dhèwèke wis agawe [aga...]

--- 51 ---

[...we] susah lan kawiranganku, lan aku anjaluk supaya dhèwèke kapatrapan ukuman.

Ratuning baya: Kula botên sagêd nyukani paukuman, kula namung nyumanggakakên ing karsa sampeyan kemawon.

Buyut Irapati: Yèn kaya mangkono aku dak pamit ngulihake pitik iki dhisik, mêngko sadhela aku têka manèh, angukum bocahmu bajul kang dosa.

Ratuning baya: Inggih nyumanggakakên ing karsa sampeyan.

Buyut Irapati lajêng mancungul saking toya, kalihan ambêkta ayam pêthak, ing wasana ayam pêthak wau lajêng santun warni dados garwanipun Buyut Irapati.

Sasampunipun Buyut Irapati ngantukakên ingkang garwa, lajêng wangsul dhatêng kêdhung Dhêpis malih, kalihan ambêkta dhadhung duk, sumêdya ngukum baya ingkang sampun purun-purun nyarap ingkang garwa wau, sarêng sampun pinanggih, baya kadhadhung duk gulunipun, nuntên dipun titihi sarta dipun pênthungi, sambatipun amêlas asih, nanging botên dipun [dipu...]

--- 52 ---

[...n] paèlu dening Buyut Irapati, anggènipun nitihi kalihan mênthungi ngantos dumugi ing Banjarsari Ngrayudan, wontên ing ngriku baya kaglandhang mêntas, sarta kadhawuhan mênthungi putra wayahipun. Ing sarèhne baya sangêt nandhang sakit, lajêng matur: nuwun gusti Buyut Irapati, kula sampun tobat, botên pisan saanak turun kula purun-purun dhatêng putra wayah sampeyan, malah kula sagah anjagi, bilih putra wayah sampeyan manggih bilai ing toya, ananging kalilana matur, ing têmbe manawi kula ngatingal wontên sapinggiring banawi, ingkang mêsthi banawi ngriku wontên kônca kula ingkang dhatêng ngupados mêmangsan.

Sasampunipun baya martobat makatên, lajêng kauculakên.

Ngantos dumugi ing sapunika têtiyang ing Banjarsari sami botên purun adus ing banawi, bilih mêntas wontên ing panggenan tilasipun baya kablandhang ing dharatan saking cariyosipun bôngsa sêpuh gulunipun katingal cêmêng.

--- 53 ---

Ing sangandhapipun panggenan wau ngantos dumugi banawi ingkang dados watês karesidhenan ing Surabaya inggih têksih wontên cacriyosanipun, nanging botên kalêbêt anèh.

Tamat

--- 54 ---

Isinipun:

Bab I Kaca:

1. Ilinipun Banawi Sala ... 3

2. Pigunanipun Banawi Sala ... 6

3. Bêbayanipun Banawi Sala ... 12

4. Cacriyosan tumrap Banawi Sala (ing Kèrèk) ... 14

5. Kêdhung Maya ... 14

6. Banawi Guwa Santana ... 19

7. Banawi Pasarsore ... 35

8. Tinggang ... 41

9. Banawi Gêtas ... 43

10. Kêdhung Wêr Pitu ... 44

11. Sobrah Pangantèn ... 45

12. Kêdhung Waleyan ... 45

13. Kêdhung Srungga ... 46

14. Pêpundhèn Tulung ... 47

15. Pasarean Buyut Kancana ... 48

JAVAANSCH.

Serat-serat ingkang kaseboet ingandap poenika kenging toembas dateng 's Lands depot van Leermiddelen ing Weltevreden. Jatra panoembasipoen kedah kakintoenaken roemijin ngangge postwissel. Dene serat-serat ingkang katoembas waoe bade kakintoenaken dienst.

M. Soewadi c. s. Bok randa Setyadarma en Rara Rarasati ... f. 0,__ / Sastrawirdja c. s. Para bangsa ... f. 0,__ / M. Ng. Mangoenwidjaja. Tri laksita ... f. 0,__ / Sastradiardja. Dongèng Kethèk lan Koera ... f. 0,__ / M. Soedardja. Tiang remen main ... f. 0,__ / Sasrasoedirdja. Sri Djoewita ... f. 0,__ / R. M. Soerjapranata. Pangroektining kapal ... f. 0,__ / M. Samsirmiardja. Djaka Djohanis ... f. 0,__ / R. A. A. Reksakoesoema. Tjariosipoen benawi Sala ... f. 0,__ / M. Hardjasapoetra. Dongèng awarni-warni ... f. 0,__ / Ng. Wiropoestaka. Serat erang-erang ... f. 0,__ / Tjakra di Brata. Wasita toerangga ... f. 0,23 / Tjakra di Brata. Tjariosipoen Djaka Santosa ... f. 0,__ / R. M. A. Soerjasoeparta. Serat tjarios kekesahan saking tanah Djawi dhateng negari Welandi ... f. 0,39 / R. M. Mangkoedimedja. Asalipoen ringgit ... f. 0,36 / R. Sasrasoeganda. Maleisch-Javaansch woordenboek ... f. 0,__ / R. Ng. Soeradipoera. Serat temboeng andoepara ... f. 0,__ / Djagawigata. Pepeling lan pamrajoga ... f. 0,08 / M. Partadiredja. Woelang darma ... f. 0,09 / H. Croes. Bab angin ... f. 0,05 / M. Prawirasoedirdja. Serat panoetan ... f. 0,12 / M. Jasawidagda. Tjarios lelampahan peksi glathik ... f. 0,10 / M. Wirjadiardja. Waris lan Lalis ... f. 0,07 / Soeara. Bab alaki rabi ... f. 0,09 / M. Soekarman. Oepadardja ... f. 0,09 / R. Ng. Soeradipoera. Serat bedhahipoen keraton Ngajogjakarta ... f. 0,18 / R. Marta-ardjana. Serat Adji selaga ... f. 0,07 / R. Moeh. Jakoep. Serat kartawisaja ... f. 0,20 / M. Sarban. Serat panoelakipoen bebaja woeta ... f. 0,18 / R. Ng. Soeradipoera. Serat babad Mangir ... f. 0,16 /

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkstectuur No. 180

Tjariosipoen benawi Sala

DOOR R. A. A. REKSAKOESOEMA REGENT VAN BODJANEGARA

Het auteursrecht op dit werk is ingevolge de Auteurswet 1912 voor behouden.

Overdruk, nadruk of bewerking is toegestaan mits vooraf schriftelijk toestemming der Commissie voor de Volklectuur is verkregen en met duidelijke vermelding van de bron.

BATAVIA N. V. Uitgevers Mij. "PAPYRUS" Eertijds H. M. VAN DORP & Co. 1916