Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 61-80)

Katalog:Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123
Sambung:
1.Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 01-20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #208.
2.Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 21-40). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #207.
3.Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 41-60). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #766.
4.Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 61-80). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #767.
5.Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 81-97). Kisah, Cerita dan Kronikal | Cerita #768.

61. Dhandhanggula

1. ngumpul pakuwoning senapati | Arya Wijanarka pirêmbagan | binobot dudu bobote | ratu ngamônca kumpul | Adipati Ngawônggapuri | Widarba Batarêtna | Kumbina ing Tunjung- | pura lawan Lesanpura | Môndaraka Mandura Banjarmalathi | Campala Candhipura ||

2. pêpak samya ngaturi prayogi | miwah para punggawa Malawa | mring Wijanarka

--- 255 ---

ature | suwawi sami mundur | yogya sami apranga eling | nadyan gêgêmpurana | yèn sampun arêmbug | muwêr salêbêting kitha | kôndhang jagang yèn kasor ampungan biting | lamun anêdya panggah ||

3. yodèng jurit sadaya agusis | prajurite wus kawus sadaya | sintên kang dèn angsahake | sintên ingkang dèn adu | Arya Dayaningrat nambungi | yèn manira tan eca | nadyan silih kawus | muhung wadyalit kewala | para mantri punggawa nêdha ngawaki | mundura amêmirang ||

4. morod ing prang dèrèng babak busik | murud tinggal prangmuka adêgan | jamak satriya patine | nèng rana kinarubut | Arya Mangunjaya lumirig | lawan dêmang Urawan | paran karya naur | sih nata lamun dedea | wutahing rah pêcahing jaja nangguhi | parangmuka kang prapta ||

5. nadyan wuwuha ditya sakêthi | datan nêdya atilar galanggang | Wijanarka èmêng tyase | dening salayèng rêmbug | pra punggawèng Malawapati | guyub samya nanggulang | iyêging pra ratu | ngamônca mundur mring praja | apradondi gosthinira durung gilig | wontên gênti winarna ||

6. dwijawara Sang Malayasidi | adhêdhepok ardyèng Endraloka | pandhita gêntur tapane | trus ing paningal wêruh | lamun prajèng Malawapati | kapraptan ing yaksendra | sru ing marmanipun | ing nguni sampun sumitra | lawan maharaja ing Malawapati | samya asih-sinihan ||

--- 256 ---

7. risang dwija tan samar ing galih | yèn sang nata anis saking praja | kang têngga mung punggawane | saksana mêsat gupuh | mung sakêdhap prapta ngarsaning | Dyan Arya Wijanarka | tangginas andhêku | kagyat sakèhing punggawa | mulat ing Sang Bagawan Malayasidi | wangwang sami pranata ||

8. sang dwija ngling marmane sun prapti | dalwanjujug anèng pabarisan | apitutur mring dhèwèke | wruhanira mungsuhmu | danawendra lêwih sinakti | tan kalah dening sira | winong ing dewagung | age sira undurana | amuwêra anèng jro kitha prayogi | ratunira mèh prapta ||

9. yèku besuk tandhinge ing jurit | andutaa Arya Mangunjaya | lunga anusula age | ngularana gustimu | sri narendra aglis kapanggih | poma ywana manglaga | prange ratu iku | nadyan sira karubuta | wong sa-Jawa yèn dudu sri narapati | Malawa Anglingdarma ||

10. iku tandhingira kang nadhahi | gardakane sang raksasa dipa | kang matèni bubuhane | poma ta wêkas ingsun | Wijanarka wus dèn bisiki | musna sang dwijawara | Wijanarka muwus | kadi punapa kang rêmbag | sanak- sanak pamèngête sang ayogi | wanti-wanti angampah ||

11. sadayanut ing rèh sang ayogi | byar raina atangara budhal | baris ing Malawa kabèh | wong Simbarmanyura wruh | gya tangara anata baris | sinidhêp tinanggulang | ing yuda nora wruh | lamun mundur mring jro kutha | wadya diyu [.di...]

--- 257 ---

[...yu] prastawa samya nututi | mring wadya ing Malawa ||

12. pratiwa lèn mantri anèng wuri | wusnya manjing kitha tutup kwaradwara. | Mangunjaya wus lumèngsèr | angulari sang prabu | tanpa kanthi lampahirenjing | lêpas kalunta-lunta | nahan kang lumaku | kawarna sang danawendra | lagya lênggah siniwèng punggawa mantri | Kalasrênggi tur sêmbah ||

13. sri narendra ulun tur udani | mêngsah larud gusis manjing pura | muwêr sajro bêbitinge | gumujêng sang aprabu | gumalêgêr ngandikèng patih | undhangana pra raja | kabèh konên ngêpung | dèn kêmput praja Malawa | gêgilanên saking sajabaning biting | prihên giris nungkula ||

14. Patih Kalasrênggi nulya mijil | para raja pinara sakawan | myang bupati sawadyane | pura wangwang kinêpung | kêmput têpung jawining nagri | punggawa ing Malawa | malatar apêngkuh | atêngga mariyêmira | wus miranti sadaya nèng balowarti | nêdya matyèng jro kitha ||

15. Dayaningrat arsa amêdali | ing ayuda lan Dêmang Urawan | dèn amrih bubara kabèh | danawa ingkang ngêpung | kutha Wijanarka ngling aris | manira datan rêmbag | dene sang awiku | asangêt ingkang wêwêkas | yèn tan ayu pinanggih lirwèng wêwêling | nahan ingkang lumampah ||

16. Arya Mangunjaya angulari | ing sang nata lêpas lampahira | angratri saênggèn-ênggèn | siyang lumakwandarung | datan ana ciniptèng galih | mung gusti sri narendra | kadyage apangguh | praja ing Malawapatya | wus kapungkur [ka...]

--- 258 ---

[...pungkur] sinêru dènnya lumaris | jroning tyas manggung brôngta ||

62. Asmaradana

1. Mangunjaya aningali | ing janma arantab-rantab | aulur pêpikulane | pinêdhak wangwang tinanya | paman ngong nilakrama | padesan samya gung wutuh | tumut ing pundi punika ||

2. ki patinggi anauri | tumut ing Bojanagara | Mangunjaya tanya malèh | sapa rane rajanira | apa nom apa tuwa | kyai patinggi sumaur | ratu kawula kang lama ||

3. inggih ing Bojanagari | Mahraja Darmawisesa | sampun magawan ginêntèn | ing mantu jêjulukira | Maharaja Nglingdarma | sinakti anom abagus | andhêdhês ingkang têtanya ||

4. satriya saka ing ngêndi | ingkang aran Anglingdarma | ki patinggi lon ature | satriya andon lêlana | kamantu mring sang nata | datan wikan wijilipun | mojar Arya Mangunjaya ||

5. ingsun arsa wruh nagari | paman tuduhna ing marga | ingkang liningan wuwuse | andika ngalèr ngilèna | saksana Mangunjaya | laju manjing praja sampun | sri enjang miyos sinewa ||

6. pêpak kang punggawa mantri | Apatih Purwanagara | miwah Jaksanagarane | sami sumiwa ing ngarsa | cakêt lan dirgasana | angandika sang aprabu | Apatih Jaksanagara ||

7. kayapa ing Bojanagri | sajênêng ingsun narendra | apa ta wuwuh arjane | atawa kalamun suda | arjane kang nagara | ki patih manêmbah matur | mênggah samangke [samang...]

--- 259 ---

[...ke] kang praja ||

8. kathah kaote lan nguni | tuwin gêmahing padesan | ing mangke kathah wêwahe | wimbuh sênêning nagara | wadya gung alit suka | mangkana nulya kasaru | ing praptane Mangunjaya ||

9. awas dènira ningali | saking mandrawa tan samar | kalamun nyata gustine | dumrojog maring ngayunan | miyak mantri sewaka | tinarka wong soroh amuk | tinubruk ing pra punggawa ||

10. dèn byuki ing para mantri | Mangunjaya binabayang | bramatya kinipatake | pra mantri pating palêsat | ana tiba kalumah | prapta ngarsanirang prabu | nungkêmi pada karuna ||

11. tangise kadi pawèstri | sang nata aris ngandika | ingsun arya tan andimpe | atêtêmu lawan sira | kaya wong anyupêna | dahat kumêpyuring kalbu | lah uwis sira mênênga ||

12. satriya kalamun nangis | apês boboting ayuda | lan sirna kaprawirane | lah wus sira wêwartaa | ing praja kadiparan | iya ing sapungkur ingsun | apa ta padha waluya ||

13. Mangunjaya awotsari | abdi paduka sadaya | wilujêng tan wontên kalong | miwah pra mônca dipatya | têtêp rumêksèng praja | nging pun Madrim nguni nusul | ing paduka sampun lama ||

14. ngandika sri narapati | ya wus panggih lan manira | Si Madrim balila tyase | wani ngayoni maringwang | wus tinutur sadaya | ing sasolah tingkahipun | ngungun Arya Mangunjaya ||

15. matur ulun tur udani |

--- 260 ---

nagri dalêm kadhatêngan | ing parangmuka nagrine | ing sabrang Simbarmanyura | Mahraja Pancadnyana | danawa raja wadya gung | bacingah sapalih ditya ||

16. manuswa ingkang sapalih | prang rame jawining kitha | Raja Baskara tindhihe | angêpang nagri Malawa | sang nata angandika | apa asor apa unggul | ing prang matur Mangunjaya ||

17. pêrang ngantos kaping kalih | wontên sajawining kitha | mêngsah kasor sagêndhinge | para ratu tanah sabrang | prajuritipun risak | para raja kathah tatu | bibar arêbut koripan ||

18. Pancadnyana dyan mêdali | ing yuda sawadya ditya | tiyang Malawa kasore | gila mulat ing raksasa | santana pra punggawa | Malawa sadaya rêmbug | ngawaki rêrênponrêrêmpon. ing prang ||

19. nuntên mitra padukaji | sang pandhita dalu prapta | asangêt ing pangampahe | dhatêng Arya Wijanarka | katur sasolahira | angandika sang aprabu | apatih Purwanagara ||

20. padha dandana ing jurit | mantri punggawa ing Boja- | nagara sun gawa kabèh | têtulung marang nagara | patih matur sandika | ngandika malih Sang Prabu | Pangalasan ingsun duta ||

21. aturêna layang mami | mring Raja Kartanagara | Pangalasan nêmbah lèngsèr | mundhi surat tandya mentar | lampahe gêgancangan | sang nata jêngkar ngadhatun | bubar sagung kang sewaka ||

22. sri nata sampun ngaturi | uninga dhatêng mratuwa | yèn badhe mangkat enjinge | têtulung marang Malawa | garwa putra [pu...]

--- 261 ---

[...tra] binêkta | kang rama tan arsa kantun | kêdah anutakên wayah ||

23. busêkan punggawa mantri | samya angrukti gêgaman | samakta lawan sikêpe | byar rina ngrasuk busana | para mantri prawira | sikêping yuda wus uyun | ki patih sigra tangara ||

24. gambira para prajurit | ing alun-alun atata | wahana sampun sumaos | umijil sri naradipa | pinarak ing paglaran | patih kalih marêk ngayun | sang nata aris ngandika ||

25. hèh patih sun budhal dhihin | sikêp tri nambang sun gawa | muwah têlu prawirane | lan si Arya Mangunjaya | sira karo karia | angiringna garwaningsun | atanapi putraningwang ||

26. dèn prayitna anèng margi | ki patih matur sandika | laju umangkat sang katong | anitih kuda pêpêrang | ngirid wadya tri nambang | kang sikêp aglar ing ngayun | rasukan sangkêlat rêkta ||

27. sruwal panji-panji kuning | tinindhihan watang binang | ponthang puput lan bung ampèl | kasambungan wadya nyutra | busanasri sarwa mas | warastra sêsikêpipun | sêsondhèr jingga ngangrangan ||

28. watang pêthak anèng wuri | kang magêrsari akapang | sikêp lêmbing busur towok | agarêbêg ing sang nata | asri busanèng wadya | lêpas lampahirang prabu | ing wuri kang rama budhal ||

29. buminatèng Bojanagri | Mahraja Darmawisesa | punggawanèng ngarsa kabèh | Rahadèn Anglingkusuma | nitih kuda rinêngga | ing wurinira kang ibu | asri anitih jêmpana ||

--- 262 ---

30. jajaran wadya kapilih | ing wurinira kang rama | wêkasan pêpatih karo | gêgaman awarna-warna | amyang tunggul daludag | lêlayu lan umbul-umbul | kawingking Bojanagara ||

63. Pangkur

1. anglarug lampahing bala | kawarnaa natèng Kartanagari | Mahraja Basunônda wus | undhang samakta arsa | marang Bojanagri awit dening anggung | ginubêl ing radèn wayah | wus samya busanèng jurit ||

2. sri umiyos magêlaran | pêpak para punggawa miwah mantri | saos wahana myang sagung | gêgaman warna-warna | wus samakta nèng alun-alun supênuh | tantara jru Pangalasan | prapta katur ing narpati ||

3. yèn wontên caraka prapta | saking Bojanagara mundhi tulis | sigra ngandikan mring ngayun | majêng nulya manêmbah | atur surat tinampan winaos sampun | kadriya suka narendra | sawusira maos tulis ||

4. ngandika dhatêng kang wayah | wruhanira iki kang asung tulis | marang ingsun sudarmamu | Mahraja Anglingdarma | wus waluya yitma manjing raganipun | Madrim anuksma ing menda | wus tinundhung mring wanadri ||

5. lan ramanira wus mangkat | mulih marang Malawa arsa jurit | kang Darmawisesa milu | têtulung mring Malawa | ngêtutakên wayah tanapi ibumu | putri ing Bojanagara | wus mangkat barêng lan siwi ||

6. sira lan ingsun dèn ajak | têtulung prang Malawa dèn dhatêngi | ing raksasa raja ngêpung | kutharsa rinabasa | nagarane ing

--- 263 ---

Simbarmanyura juluk | raja ditya Pancadnyana | akèh narendra angabdi ||

7. marmane ingsun lan sira | dèn timbali têtêmon anèng margi | sarta kalawan ibumu | barênga lawan sira | Radèn Danurwenda sigra dènnya matur | yèn makatên dawêg mangkat | tumuntên manawi kari ||

8. ing karya age kawula | arsa tandhing rok bôndawala pati | kalawan sang raja diyu | Basunônda ngandika | tangaraa patih budhalna panganjur | sang rêtna sampun sawega | miyos awahana joli ||

9. jajaran asri akapang | siwayendra awahana turanggi | munggwing ngarsane kang ibu | ginarêbêg ing yoda | pra satriya pilihan trah dirèng lampus | tur sami bojana crêma | binusanan sarwa adi ||

10. Maharaja Basunônda | nitih èsthi lampahira nèng wuri | pinêlak dènnya lumaku | tan mawi masanggrahan | anèng marga andina ratri lumaju | praptèng jajahan Malawa | padesan paminggir sêpi ||

11. desa gêng-agêng rabasa | binajag ing raksasa sabên ari | pirang-pirang desa suwung | wonge wus samya minggat | kang kapikut ing ditya sami linampus | saparan-paran kunarpa | kwèh dhandhang wurahan muni ||

64. Dhandhanggula

1. kunêng nata ing Kartanagari | kawuwusa Raja Anglingdarma | wus angancik jajahane | paminggir dhusun-dhusun | masanggrahan nèng Sarwadadi | wong desa kèh sugata | Pangalasan wau | ngruhuni lampah wus prapta |

--- 264 ---

atur uning yèn sang natèng Kartanagri | sampun bidhal sing praja ||

2. lan atmaja risang raja putri | myang kang wayah putra padukendra | Radèn Danurwenda rane | prawira ambêk purun | ambaranyak sambada pêkik | pramèswari narendra | tansah lan kang sunu | sang nata mèsêm ngandika | Mangunjaya sira umuliha dhihin | warahên Wijanarka ||

3. konên mêtu angantêp ing jurit | sakancane sira tuturana | yèn ingsun têka ing kene | wisata kang ingutus | Mangunjaya amurang margi | nungkulakên danawa | lampahira rawuh | jro kitha lajêng apanggya | lawan Arya Wijanarka nèng sitinggil | kagyat sagung punggawa ||

4. Arya Wijanarka nabda aris | lah bagea yayi dene enggal | prapta baya antuk gawe | Mangunjaya umatur | inggih nata nuntên kapanggih | anèng Bojanagara | ing mangke wus rawuh | mariki sagarwa putra | saha wadya makuwon nèng Sarwadadi | timbalane sang nata ||

5. jêng paduka kinèn amêdali | ngantêp yuda sakônca dèn rêmbag | samya sandika ature | sadaya sukèng kalbu | pra punggawèng Malawapati | myarsa ratune prapta | tuwuh suranipun | pra dipati môncapraja | angundhangi samakta sikêping jurit | nahan ingkang winarna ||

6. kang makuwon anèng Sarwadadi | Sri Nglingdarma ing Malawapatya | miwah sagarwa putrane | samangkana ing dalu | angandika aris mring rabi | yayi sun arsa linggar |

--- 265 ---

ngayêngi ing dalu | mring pakuwone yaksendra | kang kuncara sang dyah umatur ing laki | kawula jrih tinilar ||

7. bokmênawi cinidrèng rasaksi | yèn pisaha kalawan paduka | ing sapanginang dangune | miwah kularsa wêruh | ing warnine sang danawaji | Dêmang Gêdhug ngandikan | sungginên gustimu | ki dêmang nêmbah sandika | wus sinunggi umangkat sri narapati | lampahira niluman ||

8. tan antara dangu sampun prapti | ing pakuwonirang yaksa dipa | ingkang kêmit turu kabèh | kapilih patang atus | mêntas nayub sayah aguling | ngorok kadya prahara | uswasa sing irung | wau kang alampah dhustha | manjing tilamsari umèsêm ningali | danawa raja nendra ||

9. angandika ing garwaniraris | sira mau yayi arsa wikan | marang dityaji warnane | lah ta dulunên iku | sang dayita duk aningali | mangkarag èsmu gila | amatur ing kakung | dewaji dawêg umêdal | ulun datan bêtah mambêt gônda amis | sang nata nut ing garwa ||

10. angubêngi kuwuning rasaksi | kawarnaa kang lagya mêmuja | Kusuma Mayangsarine | nèng pungkuran anuju | ngobar mênyan kêkêlèng muni | kapita Anglingdarma | pinaranan gupuh | wus panggih osiking driya | eman têmên wong iki nandhang wiyadi | ya ta Dèwi Ambara ||

11. bisik-bisik umatur ing laki | dhuh dewaji ingkang amêmuja | kalangkung ayu warnane | sêmunipun aluhur | eman dadi garwèng rasaksi | lêng

--- 266 ---

paduka garwaa | lingira sang prabu | iya yèn arsa maringwang | lamun ora patute ingsun tinampik | mendah wirang manira ||

12. ingkang garwa mèsêm ngandikaris | wong punapa nampik mring paduka | baya kawalik tingale | sang nata ngandikarum | ya sun takonane ta dhihin | manira mindha dewa | môngsa wruha mringsun | dyan pinaran kang mêmuja | anggarjita ing driya mambu gôndamrik | kumêpyur manahira ||

13. ingkang mindha dewa marêpêki | madêg mungguhing ngiringanira | sarwi nglingling wadanane | mundur wangwang amuwus | adhuh nyawa putuku nini | apa kang sira sêdya | mêmuja anêkung | para dewa kagegeran | wêlas mulat mring sira manawa dadi | mêrak alit ing benjang ||

65. Pocung

1. sang dyah matur sintên dewa kang tumurun | sih ing kawlas-arsa | kang mindha dewa nauri | eyangira lêlancuring suralaya ||

2. iya ingsun Bathara Darma mas putu | nuruni mring sira | atêtanya kang sayakti | jatènana apa kang dadi sungkawa ||

3. sira lamun anjaluka rupa ayu | wus luwih sajagad | nadyan uga widadari | atandhinga raras kandhah dening sira ||

4. yèn anjaluk sugih wus krama ratwagung | môngsa anjaluka | laki ingkang anjêlanthir | pan lakinta pêpunjuling madyapada ||

5. sang dyah ayu mangkana wijiling wuwus | apa anyênyoba | têkane dewa puniki | pangucape mundur têka atêtanya ||

6. bobab [bo...]

--- 267 ---

[...bab] lamun kasamarana dewa gung | saosiking driya | wus kawruhan kabèh yakti | dewa apa arane lamun samara ||

7. kang anilum mindha dewa malih muwus | ya bênêr wus wikan | nanging atêtanya kêni | wong prasêtya ing dewa manggih raharja ||

8. sang dyah matur kawula takèn dewagung | sang putri ing Karta- | nagara mandon ing pundi | mapanapa. tumut lakine kang alêlana ||

9. sri amuwus lah ta apa karanipun | takon yoganingwang | umatur Kèn Mayangsari | duk ulun nèng Simbarmanyura na swara ||

10. kang karungu kula pinrih minta maru | sang putri ing Karta- | nagara ing ngriku benjing | wontên ingkang nêmbadani lakiningwang ||

11. ing prang pupuh ngasorkên kasaktènipun | dupi ulun pinta | ing Pancadnyana narpati | ananggupi lalu mangkat angajawa ||

12. duk rumungu yèn sampun krama sang ayu | antuk ratu dibya | prajane ing Mlawapati | ajêjuluk Maharaja Anglingdarma ||

13. yaksa prabu sru krodha wangwang lumurug | mring Malawapatya | arsa angrêbut kang rabi | Anglingdarma wêkasan têka angilang ||

14. wadyanipun amêthuk prang kapalayu | muwêr jroning kitha | ratunira sampun anis | nora wirang ratu wêdi mring danawa ||

15. mèsêm muwus kang mindha dewa dhuh putu | jawane ta sira | lumuh ing lakinira wil | sang dyah matur pindho karya kaki dewa ||

16. sira lamun lumuh têmên ing lakimu | sun gawa mring sura- | laya aywa [a...]

--- 268 ---

[...ywa] nambut kardi | ingsun têmah nadyan wuda ngêngêmisa ||

17. marang dhusun ingsun rewangi sirèku | sang dyah micarèng tyas | paran artine puniki | lagi tumon dewa gimir mring wanodya ||

18. sang rêtnayu cipta ngecani ing kalbu | lingira sumôngga | ananging panggihna mami | dhihin lawan putri ing Kartanagara ||

19. kang anilum mojar iya ingsun sanggup | saiki nêkakna | lah ya sun undange mangkin | api lunga garwanira binisikan ||

20. kusumèng rum atanggap karsaning kakung | anyiwêl ing raka | sang dyah malerok saryangling | sugih akal si jênat nora katara ||

21. blerenipun alingan antêng aruruh | sang ayu ngatingal | nulya mara mring unggwaning | kang mêmuja kagyat Kèn Mayangkusuma ||

22. sang dyah ayu sinidhêp ratih tumurun | gupuh anambrama | têdhak sing donira linggih | ngacarani pukulun dawêg katuran ||

23. saurnya rum lah iya tarima ingsun | wus samya alênggah | Mayangsari matur aris | katêmbatan sintên pinudya ing krama ||

24. aris muwus yayi yèn sira atanbuhatambuh. | ngong kang sira ajap | ki dewa marah ring mami | Mayangsari saksana nungkêmi pada ||

25. sang rêtnayu ngandika paran karsamu | ngarsa-arsa ingwang | umatur Kèn Mayangsari | ngèstupada tumutur sabaya pêjah ||

26. saking lumuh kawula alaki diyu | raka jêng paduka | sang nata punapa prapti | pramèswari ngandika apindho karya ||

27. iya mau

--- 269 ---

ngaku dewa lakiningsun | Raja Anglingdarma | osiking tyas Mayangsari | asêmbada ngaku dewa sumambrana ||

28. sira ingsun gawa katur ing sang prabu | lah aywa sandea | lakiningsun anom pêkik | akèh èstri lali ibu lali rama ||

29. karia sun angaturi sang aprabu | mêngko lamun prapta | banjur sapanên tumuli | yèn katlompèn mênèk mutung dadi susah ||

30. nulya murud pramèswari tan kadulu | sang dyah karyanggana | tan dangu sang nata kèksi | kagyat mulat anjêngêr Mayangkusuma ||

31. warnanipun lir sang hyang ngastara nurun | sang rêtna mangrêpa | srah jiwa raga mintasih | sumungkêm ing pada karuna mlas-arsa ||

32. suka ulun karyanên juru panutu | lila praptèng pêjah | yèn tan sudi ngrêngkuh dasih | sri narendra miyarsa angrês ing driya ||

33. gya sinambut sang dyah sri ngandika arum | hèh Kalawisaya | sungginên gustimu iki | wangwang mundur mring pasanggrahan niluman ||

66. Durma

1. kunêng ingkang lagyamong sukaning driya | winuwus sampun enjing | punggawèng Malawa | saratri asanega | têlik prapta tur upaksi | mring Wijanarka | lamun mungsuh rasaksi ||

2. kang angêpang kitha wuru ting jalêmpah | mêntas nayub ing ratri | nèng pakuwon samya | guling pisah lan gaman | sayogi dipun wêdali | Dyan Wijanarka | rêmbag lan pra prajurit ||

3. nulya mêdal maring sajawining kitha | sagung mônca dipati | tan mawi tangara |

--- 270 ---

praptèng kuwuning ditya | kang sami angêpung kikis | tanpa wêweka | digung watak rasaksi ||

4. wong Malawa parêng nêmpuh pamondhokan | matang nowok ambêdhil | wil kagum anjola | akèh lumayu wuda | tinadhahan saking jawi | wus binarisan | kang mêtu-mêtu mati ||

5. ting galêro raksasa ingkang kabranan | tan ana môngga pulih | kang nèng kulon kutha | miwah sakidulira | sirna tinêmpuh ing jurit | kunarpanira | mumbuk datanpa wilis ||

6. kagegeran tan kongsi nandhak gêgaman | wadyèng Malawapati | kadya saradula | mingut-mingut wus lama | kinêpung kadya punagi | numbaki ditya | kadya numbaki cindhil ||

7. angkên numbak waluh amêdhang sêmôngka | ewon wil kang ngêmasi | kang lumayu brana | sirna kang nèng lor kutha | kang wetan tinêmpuh gusis | samya lumajar | tan ana anangguhi ||

8. ngumpul ngalèr sigra sami tinarajang | mawur sasaran gusis | mulat kang lumajar | kabranan ngêmplah-êmplah | ngungsi ratunira sami | sri lagya lênggah | siniwèng para manis ||

9. angandika danawendra mring parêkan | undangên Mayangsari | de tan ana marak | apa lagi karipan | sêmèdi apa wis olih | sasmitèng dewa | mentar ingkang tinuding ||

10. dyan kasaru patih Kalasrênggi prapta | kagyat angling sang aji | patih ana apa | seba tanpa larapan | dene angagèt-agèti | patih manêmbah | nuwun duka pun patih ||

- -- 271 ---

11. atur tiwas wadya ingkang ngêpang kitha | gusis kathah ngêmasi | dèn amuki enjang | dening wadya Malawa | punggawa anglut mariki | nêdya mangun prang | wadyèng Malawapati ||

12. mijil saking wetan buminatèng Karta- | nagara bantwèng jurit | de Sri Anglingdarma | ing mangke sampun prapta | saking kilèn ngirid baris | wadya ing Boja- | nagara lawan malih ||

13. Raja Darmawisesa bantu ing yuda | angling sang danawaji | kêriga sa-Jawa | ingsun môngsa girisa | cawêta lawan kang èstri | ya ta parêkan | prapta lara anangis ||

14. matur pêgat-pêgat ngaturi uninga | Dèwi Amayangsari | musna tanpa krana | kadi winawèng dewa | bramatya sang dityapati | asru ngandika | dudu dewa kang ngambil ||

15. sun watara pandhusthane Anglingdarma | ngaku dewa mêmaling | patih tangaraa | payo mêtu ing yuda | tinitir kêndhang gong bèri | suradanawa | muntab gambira angrik ||

16. Raja Pancadnyana wus ngrasuk busana | abra sarwa rêtnadi | rukmi rinumpaka | tri ujung gandhowara | tinon lir prabata sari | nyothe badhama | ngagêm limpung lan lêmbing ||

17. wus sumahab sagung nayaka danawa | pating janggêlêg nangkil | wus kinèn umêdal | mring papan warna-warna | sasikêpirèng ajurit | Dyan Danurwenda | mangsah ing prang ngruhuni ||

18. saking kidul kilèn wong Kartanagara | campuh bêdhil-binêdhil | Patih Umadika | angangsahakên bala | gumuruh arêbut dhihin |

--- 272 ---

patêmpuhing prang | kadi ruging seladri ||

19. wadya Kartanagara lir saradula | sadaya trah prajurit | wong Simbarmanyura | angisis kang katrajang | wadyaning para narpati | lir sapu wêdhar | mawur tilar ing gusti ||

20. Kalasrênggi mulat yèn wadya manuswa | sadaya wus angisis | ngangsahakên ditya | angrik mutêr badhama | ngangah-angah nêmpuh wani | gumuntur kadya | banjir ing watu wukir ||

21. wadyèng Kartanagara gila myat yaksa | mawur atilar gusti | Patih Umadika | mundur matur ing nata | suwawi lumajêng gusti | dede sasama | mêngsah danawa sakti ||

22. Rajaputra Danurwenda sru ngandika | hèh wis mênênga kaki | mundur lir wanodya | nangis wêdi ing buta | kaya dudu trah prajurit | angur pinjunga | hèh nayaka pra mantri ||

23. yèn padha jrih ing ditya lah sumingkira | ajana mèlu jurit | suraka kewala | ingsun dhewe kang yuda | putra ing Malawapati | tongtonên padha | prang ingsun lan rasaksi ||

24. wus anitih turôngga angêmbat watang | nandêr mring rana panggih | lan sura danawa | samya panggih nanggulang | raksasa ngudani lêmbing | miwah sarampang | limpung badhama sligi ||

25. Radèn Danurwenda tatag aprawira | ginrumung ing rasaksi | sinaut tan pasah | ginandhi myang rinajang | tan kêna kêsit lir thathit | malês amatang | akèh ditya ngêmasi ||

26. kang binuntar danawa samya kantaka | bêsèr kulite mati | danguning ayuda | Rahadèn [Raha...]

--- 273 ---

[...dèn] Danurwenda | tangginas anarik kêris | pating jalêmpah | ditya kasrang ing kêris ||

27. sarirane rahadèn kuthah rudira | nanging tan ana busik | tan angambah lêmah | nyuduk sarwi andhupak | pirang-pirang èwu mati | kang urip giras | lumayu ngungsyèng gusti ||

28. kawarnaa nata ing Kartanagara | mangsah lan wong sinêlir | anutakên wayah | Apatih Umadika | ngimpun wadya kang lumaris | Sri Basunônda | nêmpuh lan wong sinêlir ||

29. wus apanggih kang wayah kuthah rudira | rinangkul sarya angling | adhuh putuningwang | payo mundur dèn enggal | ramanira anèng wuri | nadyan apranga | barênga para mantri ||

30. ing Malawa anèng ngarsane ramanta | radyan kanggêk ing jurit | ajrih mring kang eyang | winawa mundur nulya | wong Kartanagara sami | asalah nyana | radyan lawan sang aji ||

31. undurira saking pabratan cinipta | kasor dènira jurit | dadya sikêping prang | lumayu salang tunjang | sêdyanira andhihini | Sang Dyah Trusila- | wati anitih èsthi ||

32. liman anggro mêta jrih bubaring wadya | samya arêbat dhihin | sangkin dahat giras | saratine lumajar | ajrih pan arsa binanting | sang dyah kantaka | soring ngasêm gumuling ||

67. Sinom

1. panyananira sang rêtna | kang putra tiwas ing jurit | kasambut ing adilaga | sumarma lara anangis | kawarnaa sang aji | ing Malawapati magut | ing rana saha wadya | nitih sakatha gêng asri |

--- 274 ---

sri narendra ingapit de garwanira ||

2. Rêtna Ambara ing kanan | ing keri Kèn Mayangsari | sri nata lir Hyang Asmara | ingapit Supraba Ratih | upacaranira sri | kang putra tansah nèng ngayun | Radèn Anglingkusuma | Rêspati nitih turanggi | asri amyang gêgaman pinangkwèng ngarsa ||

3. sang nata kagyat tumingal | ana pawèstri anangis | gêgulungan anèng kisma | sêsambate amlas-asih | rema lir dèn wusoni | sarira wus awor lêbu | sri nata angandika | wong apa iki anangis | pramèswari Rêtna Ambara turira ||

4. dewaji èstri punika | sêmune ayu kapati | kadi dede rare desa | eman dene kawlas-asih | Anglingdarma marpêki | pangandikanira arum | bok ngantèn wis mênênga | apa kang sira tangisi | sumaura lah ing ngêndi wismanira ||

5. sapa arane putranta | kang pakênira tangisi | sang ayu mengo angiwa | tan arsa miyat ing laki | miwah tan anauri | sangkin sru pamularipun | tan liya putranira | ingkang sinambat ing tangis | tan kayaa lêlakone awak ingwang ||

6. Danurwenda putraningwang | apa sira angêmasi | lah gawanên biyangira | ingsun ora bisa kari | sapa ingsun ngèngèri | lah adene kang adhawuk | apa ora kayatnan | duwe cêcêmplon apêkik | lali anak pijêr anunggoni ika ||

7. garwane wila utama | putri ayu dhèmês kuning | trahing

--- 275 ---

narendra sudibya | nadyan lalia mring mami | aywa lali ing siwi | sêdhêng limuta maring sun | tuwa ala candhala | jugul èstri tanpa kardi | mung ompole kewala dèn rawatana ||

8. iya lêgane kang manah | boya kudu dèn kangêni | mring Ki Dalêm Anglingdarma | tanpa ngrasa awak mami | Danurwenda nak mami | age gawanên ibumu | marang aribuwana | nèng madyapada kaswasih | ingkang anèng jro rata atas miyarsa ||

9. sêsambate kang karuna | pinyarsa anuju ati | sang nata emut ing garwa | putri ing Kartanagari | Dèwi Trusilawati | Danurwenda putranipun | diwasa ambêk sura | tumêdhak sri narapati | saking rata malajêngi kang karuna ||

10. cundhuk èstu garwanira | rinangkul sang dyah anangis | arda wlas sirang narendra | tyasira kadya rinujit | mulat ing pramèswari | kasangsaya tanpa batur | rema kêbak larahan | sarira awêdhak siti | Anglingdarma ngrêrêpa minta aksama ||

11. dene dangu kasamaran | darbe bêndara kaswasih | datanpa rewang sajuga | nulya ingêmban sang dèwi | winawèng rata nitih | wus kèndêl pamularipun | sang nata angandika | mring garwa Ambarawati | iki arinira ing Kartanagara ||

12. putri ing Bojanagara | angrangkul masêmu tangis | manis panambramanira | yayah mangrapwèng rudatin | ingajak jajar linggih | putra Kartanagara wus | tata lênggah ajajar | kawarnaa

--- 276 ---

Bathikmadrim | anèng wana angulari raganira ||

13. supe prênahe kang guwa | anangis sigra ningali | guwa singub parang jurang | tinutupan watu putih | agêng nulya binijig | kang sela rêncêm malêdug | rêragane katingal | ri saksana dèn panjingi | wangwang tangi menda anulya palastra ||

14. wusnya sumurup ing raga | Bathikmadrim sigra mulih | marang nagara Malawa | andina ratri lumaris | nahan kawarna malih | kang sampun campuh ing pupuh | sarêng panêmpuhira | sura danawa nadhahi | asrang sinrang silih rok sami prawira ||

15. campuh lor kidul wurahan | tan ana kang ngucap ajrih | kunarpa sungsun atumpang | lir karang turôngga èsthi | rudira kadi banjir | sarah watang lawan ganjur | alêlumut kumbala | wong Simbarmanyura gusis | amung kari para mantri lan punggawa ||

16. kang maksih nanggulang yuda | sura panggah tan gumingsir | dadya kari las kewala | santana ing Mlawapati | Dayaningrat ngawaki | Arya Mangunjaya ngamuk | danawa ting jalêmpah | kang panggah akèh ngêmasi | sasesaning palastra bubar sasaran ||

17. Patih Kalasrênggi mulat | yèn bala raksasa gusis | bramatya mangsah ing rana | ngawe prajurit sarya ngrik | ditya santana mijil | sanambang mangsah gumrudug | sikêp pêdhang narajang | limpung nanggala suligi | gandhi piling parasu jirêt sarampang ||

18. mantri Malawa kabyatan | mêngkab arsa angunduri | sigra Arya Wijanarka |

--- 277 ---

mangsah ing rana ngawaki | pra mantri samya bali | sadaya parêng angamuk | lawan Dêmang Ngurawan | manêngah angowak-awik | kang katrajang danawa pating gulimpang ||

19. raksasa kang nandhang brana | sangkin riwut ing ajurit | siyung caruk lan curiga | lir galudhug kapiyarsi | panggroning ditya kanin | pêtêng dhêdhêt amun-amun | gora rèh magênturan | rasa tala lir ginonjing | bayubajra manêmpuh rah ngombak-ombak ||

20. kawarnaa kang lumampah | Bathikmadrim kawlas-asih | praptèng jajahan Malawa | kandhêg padesan paminggir | tansah amurang margi | iriban merang andulu | mring wong Malawapatya | kagyat amiyarsa bêdhil | gumuruh wèh giris lir ruging prabata ||

68. Girisa

1. surak maambal-ambalan | kadya ombaking samodra | Bathikmadrim anggarjita | kadya swaraning ayuda | anarka yèn ana aprang | Bathikmadrim kapanujwan | ing tyas nêdya ananggulang | marangmuka parangmuka. ingkang prapta ||

2. ciptèng tyas antuk aksama | yèn bangkit mangrurah mêngsah | sinêru lampahnya prapta | ing rana nanggulang yuda | danawa panggah kaparah | tinampiling myang dinugang | jinêjak pating sulayah | tinapuk ana tinêpak ||

3. manêngah asru kinêrah | ing ditya kinêmah-kêmah | datan pasah panggah latah | akêri sêsambatira | binithi ditya kang ngêrah | rênyuh kumbanira pêjah | ana kang dinugang pokah | lambunge angêmplah-êmplah ||

--- 278 ---

4. Patih Kalasrênggi mulat | krodha mangsah ngundha gada | prayitnarya Wijanarka | tangginas narik curiga | tan agop panggoconira | Patih Kalasrênggi tadhah | sinudukan jajanira | mring Dyan Arya Wijanarka ||

5. Kalasrênggi nora pasah | sinuduk malês angêrah | ginêbêg Dyan Wijanarka | gilèsmu kasoran ing prang | sigra Bathikmadrim mara | têtulung tanpa saraba | Kalasrênggi pinarpêkan | jinênggit saking ing wuntat ||

6. sinêndhal saking ngiringan | rêbah ingidêk kang jaja | wangwang tinigas kang murda | binalangakên mring mêngsah | giris wong Simbarmanyura | mulat Kalasrênggi pêjah | pinocok ing pabaratan | rênyuh kinarya bêbalang ||

7. sru kawês giris agiras | sasaran sami lumajar | dhadhal ingkang kaprawasa | salang tunjang kang sinêrang | kajêngkang karangkang-rangkang | tinalorong kang raksasa | ing duduk kêna kumêprak | ditya Kulawu lumajar ||

8. suka Arya Wijanarka | Bathikmadrim sinungkêman | umatur èsmu karuna | panggih kula lan andika | lir siniram ing we marta | kang manah asrêp kalintang | dhuh kakang sukur raharja | kawula kadya nyupêna ||

9. Bathikmadrim angandika | yayi iki buta apa | angrurah praja Malawa | apa kang dadi prakara | matur Arya Wijanarka | danawa saking ing sabrang | nagri ing Simbarmanyura | jêjuluk Sri Pancadnyana ||

10. marma angrurah Malawa | awit gusti sri

--- 279 ---

narendra | anggarwa putri ing Karta- | nagri Kèn Trusilawatya | punika arsa rinêbat | mring sira Sang Pancadnyana | suwawi lamun sambada | mundur umarêk sang nata ||

69. Durma

1. koningana yèn paduka nanggulang prang | nauri Bathikmadrim | yayi karsaningwang | sanadyan umarêka | yèn wis sirna mungsuh iki | lingên sang ditya | raja krura gora ngrik ||

2. triwikrama amusus astanirendra | sakêdhap mêdal agni | murub mulad-mulad | binalangakên marang | bala Malawa samyajrih | saparan-paran | gègèr binurwèng agni ||

3. larud samya binuru bala ing Karta- | nagara Bojanagri | pinrêp ing dahana | ngungsi baris Malawa | sang nata sampun apanggih | lawan kang putra | Danurwenda ngabêkti ||

4. miwah dhatêng ibu sori kalih pisan | wus jinajar sang pêkik | kalawan kang raka | Radèn Anglingkusuma | kalangkung asih ing ari | tan kêna pisah | munggwing ngarsa narpati ||

5. gora swara yaksendra asumbar-sumbar | hèh wong Malawapati | ajana lumajar | kabèh barênga mara | rêbutên ingsun ajurit | natèng Malawa | mundhut wahana èsthi ||

6. mangsah ing payudan anitih dipôngga | yaksendra asru angling | hèh sapa kang prapta | raja apa satriya | warnamu anom apêkik | baya ta sira | kang nyolong rabi mami ||

7. anauri ingsun Raja Anglingdarma | ratu ing Mlawapati | ingsun kang andhustha |

--- 280 ---

rabimu Mayangsêkar | rêbutên yèn sira wani | sang danawendra | krodha mawinga wêngis ||

8. musthi limpung sira sang raksasa dipa | wus minantran anuli | lumêpas lir kilat | Anglingdarma prayitna | pinandêng limpungiraji | musna sakala | danawendra udani ||

9. yèn limpunge musna tan tumêkèng lawan | dahat bramatya nuli | musus jajanira | tantara mijil sarpa | goraya asawang wukir | nandêr ring nata | pinandêng tan nêkani ||

10. sirnèng marga pêgêl sang raksasa nata | dyan mêdalakên malih | prabawa garudha | gêngira saprabata | sinambêr Anglingdarmaji | pinandêng datan | prapta sirna ing margi ||

11. merang mulat ing wadya danawa raja | musus asta saryangrik | umijil dahana | marani Anglingdarma | pinandêng sirna kang agni | Sri Pancadnyana | asru dènira angling ||

12. sarya mara hèh Anglingdarma malêsa | mêtokna guna sakti | êntèkna kurahan | tamakna marang ingwang | sri bupati anauri | lah dèn prayitna | sun walês ywa gumingsir ||

13. mênthang langkap pasopati minantranan | lumêpas kang jêmparing | tênggaknya kang kêna | rubuh sang danawendra | suka wong Malawapati | surak gumêrah | lir ombaking jaladri ||

14. mawur buyar wadya ing Simbarmanyura | wruh gustine ngêmasi | mung wadya danawa | wil ônja-ônja samya | pêpulih mangsah ing jurit | mêntas kasoran | arsa mbelani gusti ||

15. Radèn Anglingkusuma Dyan Danurwenda | parêng ngêtab turanggi |

--- 281 ---

mangsah ing payudan | lan Arya Wijanarka | Mangunjaya Bathikmadrim | Dêmang Ngurawan | Dayaningrat tan kari ||

16. myang punggawa adipati mônca praja | danawa sura sakti | rame gêgêmpuran | tan ana kang lumajar | danawa wus ambêk pati | atêtumpêsan | lir sinambêr ing pêksi ||

70. Dhandhanggula

1. sirna gêmpang tan kari sawiji | ingkang samya awarni danawa | para raja manusane | sadaya sami nungkul | sumawita ngaturi putri | Maharaja Nglingdarma | wus têdhak alungguh | ing dhampar sigra umarak | Bathikmadrim nungkêmi pada manangis | aminta pangaksama ||

2. adhuh gusti jêng sri narapati | gêgêbale atur pêjah gêsang | pun Madrim sumôngga ing rèh | jinura kadi ranu | tan anggrantês katrap ing adil | sumôngga ingabahan | sakarsa sang prabu | saking gung dosa kawula | naranata kalangkung angrês ing galih | dadyaris angandika ||

3. iya sira sun apura Madrim | nadyan akèh kaluputanira | nanging aja manèh-manèh | anyidrani maringsun | Bathikmadrim matur nganjali | angaturakên tobat | ing saturunipun | andikanira narendra | iya sira isih alinggih pêpatih | Madrim angêmêk murda ||

4. sri narendra angandika malih | Wijanarka lawan Mangunjaya | anjarahana branane | Si Pancadnyana Prabu | myang rabine aywana kari | kalihnya nêmbah mentar | naranata kondur | mring praja sagarwa putra |

--- 282 ---

saha wadyèng rama ing Bojanagari | lawan Kartanagara ||

5. kalihira ngaturan mring nagri | mangun suka ing samarga-marga | pradôngga umyang swarane | enggar wadyabala gung | asêsugun dasih gung alit | karya asrining marga | rawuhe sang prabu | wong dalêm karagan-ragan | kêrig mijil amêthuk anèng sitinggil | tantara nata prapta ||

6. minggah dhatêng manguntur siniwi | para manis kang saking jro pura | andhatêngkên punagine | manguswa pada prabu | myang padane garini katri | Dèwi Mayangkusuma | kang pamêkasipun | êmban inya tustha miyat | panarkane gustinira lami prapti | muhung sanès tênaga ||

7. sri narendra lunggwèng dhampar gadhing | dèn apit ing garini têtiga | pra manis anèng wurine | sang nata kalih rawuh | ingaturan minggah sitinggil | Raja Darmawisesa | Basunônda Prabu | jajar narendra têtiga | pra punggawa karya pakuwon wus rukti | sri kalih ingaturan ||

8. masanggrahan bubar kang tinangkil | Sri Nglingdarma kondur maring pura | ginarbêg ing biyadakèh | kang kinanthi de prabu | sira Dèwi Amayangsari | putri Kartanagara | kinanthi ing maru | kalangkung saekapraya | Kèn Ambara kalawan Trusilawati | kadya tunggal sayayah ||

9. praptèng pura pinarakan sami | sri narendra lawan ingkang garwa | angapit kanan kerine | wong jro pura sêsugun | para manis kadya punagi | miwah kang saking jaba | manjing

--- 283 ---

pura sêlur | para garwaning punggawa | pra santana satriya punggawa mantri | sêlur malêbwèng pura ||

10. de sugata kang mring narpa kalih | ing Bojanagri Kartanagara | mêntah matêng mawarnakèh | sawadya-wadya pênuh | ya ta ingkang suka nèng puri | putri Bojanagara | tulus dadya sêpuh | panêngah Kartanagara | pamêkase Sang Dèwi Amayangsari | pramèswari têtiga ||

11. atut runtut tan ana barênci | among-winong kang tuwa wruh tuwa | kang anom wruh ing anome | mangkana sang aprabu | lagya mangun kalangêning sih | lawan garwa pamêkas | luwaring salulut | enjing alênggah kalihan | pramèswarinira kalih samya prapti | lir Ratih lan Supraba ||

12. Mayangsari lumungsur ngabêkti | marang marunira kalih pisan | sigra cinandhak astane | ingajak jajar lungguh | anoraga Kèn Mayangsari | lênggana sru pinêksa | wus tata alungguh | katiga nèng ngarsa nata | samyendahe sang nata ngandika aris | yayi sun paèsana ||

13. ingsun arsa umiyos tinangkil | putri Bojanagara angatag | mring putri Kartanagrine | Kèn Trusila tumuduh | maring Dèwi Amayangsari | lah yayi sri hyasana | Mayangsari matur | nuwun kawula tan bisa | mandarani aku don sang nata angling | ingsun iki kapiran ||

14. kèh wuwusên langêning akrami | wusnya paès sang sri naradipa | lir Hyang Asmara listyane | lênglêng kang

--- 284 ---

samyandulu | putra kalih tumamèng puri | Radèn Anglingkusuma | kang rayi tan kantun | sira Radèn Danurwenda | matur nêmbah paman Wijanarka prapti | antuk kênya akathah ||

15. angandika risang misudhèng sih | iya age sira lêbokêna | para putri-putri kabèh | radèn manêmbah mundur | ngirid sagung kang para putri | aglar anèng ngarsendra | sagung para arum | kasmaran mulat sang nata | ana ingkang ambalangi ulat liring | mèsêm Mayangkusuma ||

16. angandika Dèwi Mayangsari | yayi padha bagea mucanga | aywana sungkawèng tyase | kagyat kang para arum | tumingal ing Kèn Mayangsari | samya matur mlas-arsa | pranata anuwun | kawula kadya nupêna | panggih lawan paduka sampun amukti | pangengeraning kathah ||

17. wus pinarnah panggenan pra manis | sri narendra miyos sinewaka | ginarbêg ing punggawane | putra kalih nèng ngayun | magêlaran sri narapati | pêpak para pratiwa | rôngga lan tumênggung | ngabèhi tôndha pra dêmang | para raja-raja sabrang samya nangkil | nunggil pra mônca radya ||

18. ing sapêjahira danawaji | Anglingdarma kentar wirotama | kaonang-onang dibyane | kasub ing rat pinunjul | dadya tungguling para aji | bawah angin sadaya | ngatas angin suyud | sang mahawirya ngandika | ari Wijanarka sun karya pêpatih | angrèhna para raja ||

19. asisiha lawan Bathikmadrim | aran [a...]

--- 285 ---

[...ran] Adipati Wijanarka | para raja sabrang kabèh | kang wus suyud maringsun | Patih Wijanarka nglurahi | Si Arya Mangunjaya | sun karya tumênggung | ran Tumênggung Mangunjaya | lan dadia kaliwone si apatih | Dipati Wijanarka ||

20. lawan ana wong kêkasih mami | gawan saka ing Bojanagara | Dêmang Kalawisayane | sun jênêngkên Tumênggung | Karungkala misiha dadi | sambitane ki putra | Anglingkusumèku | lan sambitane ki putra | Danurwenda Tumênggung Kalamisani | karo padha sun ganjar ||

21. alêlinggih sèwu wong sawiji | kalihira samyatur pranata | santana kèh minggah gêdhe | myang para mantri sêpuh | akèh minggah dadya bupati | suka sawadyabala | sang nata dyan kondur | mring pura garwa têtiga | mêthuk anèng regol wus praptèng jro puri | ingayap de pra garwa ||

22. ênêngêna ing Malawapati | Anglingdarma mukti awibawa | kocap ing Sokarumêmbe | tanah sabrang praja gung | ngrèh sasamanirèng narpati | Mahraja Saktisura | bisikaning ratu | duk samana sri narendra | lagya nandhang kêkêling amargi dening | murcane putranira ||

23. pramèswari tan pêgat anangis | manggung sambat ing putra kang murca | ya ta ing ratri asare | naritis sang aprabu | myarsa swara sajroning guling | yèn sira arsa panggya | tumuli lan sunu | nabranga mring nuswa Jawa | anjujuga praja ing Malawapati | Mayangsari nèng kana ||

24. pasthi têmu lan [la...]

--- 286 ---

[...n] Ni Mayangsari | awibawa anèng nuswa Jawa | wus akrama ratu gêdhe | kagyat sang nata wungu | enjing undhang wadya pasisir | kinèn saos baita | nèng muaranipun | umyang wadya sanagara | asawega mêmatah punggawa mantri | kang kari têngga praja ||

71. Pangkur

1. samya samêkta sadaya | wadyabala miwah wadya pasisir | kang samya saos parau | jêjêl anèng muara | wangwang budhal saking nagari sang prabu | nitih èsthi rinumpaka | ginarêbêg ing prajurit ||

2. kang kari têngga nagara | pêpatih lan punggawa para mantri | pinatah kang sêpuh-sêpuh | samya amakajangan | lampahira sang nata sawadya rawuh | ing pasisir don muara | wus tumêdhak saking èsthi ||

3. saksana anitih palwa | punggawa kèh samya anitih kèci | lêlawak kalawan sêlup | korab lambu giyota | wus anitih ing wangkang sang maha prabu | gumrah wadya daut jangkar | babar layar antuk angin ||

4. pacalang samyanèng ngarsa | asri ingkang layar pêthak kumitir | ana layar mega mêndhung | lêlayar bangun tulak | ana ingkang palisire kêmbang kangkung | ana kang motha rinêngga | tiningkah mandhala giri ||

5. titihanira sang nata | wangkang asri lêlayar sutra kuning | baita kang winrat sangu | anèng wuri sadaya | layar waring bagopelah ana kadut | nèng laut pating balêsar | asru panêmpuhing angin ||

6. datan kawarna ing marga | ing talatah Malawa sampun [sa...]

--- 287 ---

[...mpun] prapti | anjujug muaranipun | sadaya labuh jangkar | sri bupati mêntas ing dharatan sampun | kang magêrsari akapang | margil pinggiring pasisir ||

7. kagyat Ki Dêmang Pabeyan | mulat lamun gêgaman agêng prapti | anarka yèn mungsuh rawuh | saking Simbarmanyura | abantu prangira ingkang sampun gêmpur | gupuh Ki Dêmang Pabeyan | nitih kuda nandêr maring ||

8. nagara atur uninga | lampahira wus praptèng pôncaniti | marêk ing patih umatur | wontên gêgaman prapta | saking Simbarmanyura sami bêbantu | ing yuda wontên salêksa | baris nèng pinggir pasisir ||

9. angling Wijanarka patya | paran karsa kakang lamun suwawi | tur uninga ing sang prabu | Patih Madrim tan rêmbag | ingsun durung panuju sira tur wêruh | cêgah jênênging kawula | akarya kagèting gusti ||

10. ing besuk tura uninga | mring narendra yèn wis ingsun kajodhi | aywana wong milu-milu | ingsun dhewe kang mapag | nanging lamun ana bêdhil gumarudug | lan surak ambal-ambalan | sira bêbantua aglis ||

11. lan iki durung karuan | lamun nyata mungsuh yakti sung tulis | Dyan Wijanarka andhêku | anut karsaning raka | Bathikmadrim parentah mring wadyanipun | samya samakta sadaya | bubar sagung kang anangkil ||

12. Ki Patih Madrim gya budhal | sawadyane sangkêp kaprabon jurit | demang sabandar nèng ngayun | tan kawarna nèng marga | prapta ing pasisir kèndêl lampahipun | Bathikmadrim angandika |

--- 288 ---

yèn iki mungsuh ayakti ||

13. wis angrusak kang padesan | ika ora têka enak amargil | hèh dêmang mara dèn gupuh | mringa pondhok pangarsa | têtakona sayakti wisata sampun | manjing pakuwon pangarsa | pratiwane amanggihi ||

14. Dêmang Pabeyan têtanya | hèh ki sanak niki wong agung pundi | ingkang tinanya sumaur | wong agung tanah sabrang | nagarane ing Sokarumêmbe Prabu | ajêjuluk Saktisura | ngajawa ngulari siwi ||

15. murca saking pagulingan | kêkasihe Dèwi Amayangsari | ujaring swara kang tuduh | sang dyah anèng Malawa | milanjujug mariki narendraningsun | dahat onêng mring atmaja | ki dêmang aris nauri ||

16. sampun kagarwa ing nata | Anglingdarma ratu manira ngriki | purwane panggih sang prabu | lan Dèwi Mayangsêkar | winawa prang mring lakine yaksa prabu | aran Raja Pancadnyana | lumurug mring Mlawapati ||

17. saking ing Simbarmanyura | tanah sabrang wau sang raksasaji | kumasura ambêk rusuh | adigung adiguna | têmpuh ing prang padhêm sawadyane diyu | dene balane manusa | nungkul sadaya anangkil ||

18. mring Gusti Sri Anglingdarma | pra rabine dityaji dèn boyongi | kang dadya têtunggulipun | wasta Kèn Mayangsêkar | lêwih ayu mila kagarwèng sang prabu | matura mring rajanira | èstu kang putra nèng ngriki ||

19. miwah nuli aturana | sri narendra umanjing mring nagari | de ta kang prapta puniku | sakapraboning yuda | nindyamantri [ni...]

--- 289 ---

[...ndyamantri] Bathikmadrim wastanipun | praptanirarsa madaka | yodagêng kang andhatêngi ||

20. saking dening katambêtan | marma kula kinèn tanya rumiyin | rèhning mangke sampun tamtu | yèn marsêpuh narendra | lah ta sampun ki sanak kularsa wangsul | umatur ing ki apatya | Dêmang Pabeyan umulih ||

21. wus prapta ing ngarsanira | Patih Bathikmadrim atur udani | dede mêngsah ingkang rawuh | yaktinipun narendra | ing Sokarumêmbe Saktisura juluk | kang rama Kèn Mayangsêkar | dayitanira sang aji ||

22. duk wau sampun kawula | kèn ngaturi laju tumamèng nagri | Bathikmadrim suka muwus | demang sirambanjura | marang praja sira ngaturana wêruh | marang adhi Wijanarka | angaturana udani ||

23. ing gusti sri naradipa | lamun ingkang rama Kèn Mayangsari | praptarsa panggih lan sunu | sun irid maring praja | manawa sri naranata arsa mêthuk | wisata Dêmang Pabeyan | Sri Saktisura siniwi ||

24. ing wadya nèng pasanggrahan | prameya tumanduk matur wotsari | patikbra ngaturi wêruh | wontên mantri Malawa | amariksa lampah paduka pukulun | sing warti sèstu putranta | kagarwèng sri narapati ||

25. ing nguni putra paduka | winêngku de yaksendra ing nagari | Simbarmanyura jêjuluk | Mahraja Pancadnyana | lumurug mring Malawarsa mangun pupuh | pra garwanira winawa | kasor sang raksasa aji ||

26. tumpês wadyanira ditya | siwayendra katawan ing

--- 290 ---

ajurit | mangke kang dinuta mêthuk | ing paduka narendra | Kyana Patih Bathikmadrim wastanipun | suka sang nata ngandika | pangarêp budhalna aglis ||

27. ingsun age arsa panggya | lan sang nata gumuruh swarèng baris | nitih dipôngga sang prabu | pêpikule tinilar | amung wadya upacara anèng ngayun | samagêrsari tan pisah | wus tundhuk lan Bathikmadrim ||

28. ri saksana ingaturan | manjing praja pinêlak ingkang laris | tan mawi rarywan lumaju | tumamèng jroning kitha | kunêng Wijanarka wus ngaturi wêruh | yèn kang rama Mayangsêkar | praptarsa panggih lan siwi ||

29. miyos Prabu Anglingdarma | magêlaran wadya pênuh sumiwi | Pangalasan wus tinuduh | ngenggalkên ingkang prapta | natèng Bojanagara lawan sang prabu | ing Kartanagri ngaturan | manungsung nata kang prapti ||

30. sri nata kalih dyan budhal | carakendra wau ingkang tinuding | ngenggalkên lampah wus pangguh | lan Madrim wus winartan | wangwang têdhak Saktisura Sang Aprabu | saking wahana lumampah | pinêthuk ing wringin kalih ||

31. mring Sang Raja Anglingdarma | cundhuk Saktisura cêngêng ningali | ing pêkikira Sang Prabu | Anglingdarma lir Parta | dyan kinanthi astanira mring sang prabu | pinarak ing pagêlaran | samya pratistha ing kursi ||

32. ajajar nata sakawan | Patih Wijanarka sampun naosi | pakuwonira Sang Prabu | Saktisura sawadya | ingaturan bojana katri sang prabu | srimanganti binusanan | pra

--- 291 ---

garwa ngandikan mijil ||

33. pramèswari katri prapta | ngarsa nata Mayangsari ningali | mring rama asru amuwun | dangu nungkêmi pada | lir nupêna amba panggih lan pukulun | sang nata amêngkul jôngga | adhuh putraningsun niki ||

34. tan beda kalawan ingwang | kaya ngipi têmu lan sira mangkin | murcanira têngah dalu | tan karuwan kang mawa | ingkang putra mingsêg- mingsêg alon matur | ing purwa madya wasana | angungun sri narapati ||

35. apa ingkang sun walêsna | marang anak prabu ing Mlawapati | tanna lyan mung sêtya tuhu | yèn sudi ngaku bapa | Anglingdarma tumungkul matur anuwun | putri ing Bojanagara | anolih sasmita mijil ||

72. Mijil

1. sêsaosan sêlur saking puri | tinampèng pra sinom | sri kawuryan maneka warnane | abujana anèng srimanganti | suka-suka ngênting | ing jawi gumuruh ||

2. umyang ingkang pradôngga ngrêrangin | ing saênggon-ênggon | wadyabala kang nèng jawi kabèh | binojana ing patih kêkalih | tan pae lan gusti | samya sukanipun ||

3. aluwaran para nata katri | kondur amakuwon | Anglingdarma kondur mring purane | tansah ingkang pramèswari katri | tan kawarna lami- | nira sang aprabu ||

4. Saktisura nèng Malawapati | samana sang katong | katri arsa maluywèng prajane | atur pamit sarêng manjing puri | Sang Anglingdarmaji | kalangkung anuwun ||

5. pramèswari katiga tur bêkti | ing rama

--- 292 ---

sang katong | sami tilar wêling dhewe-dhewe | mring kang putra dèn bisa alaki | nini ingsun mulih | dèn atut mêmaru ||

6. poma ajana salayèng kapti | katri awot sinom | putri katri sandika ature | ri saksana mijil saking puri | wadya wus sumaji | parêng budhalipun ||

7. radèn kalih lawan para mantri | santana nom-anom | umiring ing tindak eyang raje | praptèng jawi kitha sampun sami | dhinawuhan bali | mring eyang sang prabu ||

8. budhal maring praja radèn kalih | eyangira karo | nolih-nolih tontonên wayahe | wus waluya ing Malawapati | gêmah ing nagari | kadi duk rumuhun ||

9. ajêg adilira sri bupati | paramarta among | ing wadyalit kinadar dyan kabèh | kaluhuraning kraton ngungkuli | ingkang dhihin-dhihin | kèh nagara suyud ||

10. nuswa Jawa tan ana nyiringi | panjênêngan katong | dibya sakti ampuh ing yudane | Anglingdarma ing Malawapati | kineringan dening | para ratu-ratu ||

11. ing Bojanagara Kartanagri | katiga sang katong | Saktisura ing Sokarumêmbe | nadyan maratuwa ciptèng galih | kadi samya ngabdi | dhumatêng kang mantu ||

12. Raja Anglingdarma wus alami | jênêngira katong | wus asêpuh rema kwèh kang pinge | gumapula samana sang aji | umiyos tinangkil | munggwing sitiluhur ||

13. pinarak ing dhêdhampar rinukmi | ingayap pra sinom | magêlaran para [pa...]

--- 293 ---

[...ra] punggawandhèr | para raja myang para bupati | radyan putra kalih | sumiwa ing ngayun ||

14. Radyan Anglingkusuma myang ari | Dyan Danurwendanom | kadya kêmbar sinawang warnane | ngandikaris sang sri narapati | akramaa kaki | karo putraningsun ||

15. pilihana sagung para putri | kang samyayu anom | tur putrine para raja gêdhe | lamun sira ênggèr wus akrami | umadêga aji | ki radèn kang sêpuh ||

16. kaki Anglingkusuma prayogi | sumilih kaprabon | wus atuwa sun magawan bae | arinira dadia pêpatih | keringan sayakti | jênêngira kukuh ||

17. nora nana parangmuka wani | eyangira karo | padha parêng asrah karatone | tur sumuyud marang sira kaki | anggêpe anggusti | atmaja umatur ||

18. samya nêmbah konjêm ing pratiwi | nuwun duka katong | akramaa sawiyah-wiyahe | botên sagêd ulun anglampahi | kawula tan apti | kalamun tan antuk ||

19. jatining dyah kang susilèng budi | wruh jatining wadon | kang jatmika pidêksa dêdêge | ingkang kumba reka amêdani | kang carana wingit | ingkang anawang rum ||

20. pami sara sidya tumuwuh ing | sela susila mong | sêtya tuhu marang ing priyane | yèn tan antuk makatên kang èstri | kawula tan apti | lêng wujanga ulun ||

21. èmêng ing tyas sang sri narapati | kondur angadhaton | patih ingandikan mring purane | dhawuh agnya

--- 294 ---

sagunging bupati | miwah para aji | saosa ing dalu ||

22. mring suyasa kaputran agênti | ngrobana wiraos | maring raja putra sakarone | gigriga ing tyas anggalih krami | patih awotsari | lumèngsèr sing ngayun ||

23. gya nguwarkên timbalan narpati | saksana linakon | dening ingkang para pratiwane | gênti-gênti dènnya mituturi | radèn tan kênosik | malar èsmu rêngu ||

24. dadya sami ajrih angaturi | ingkang para katong | anêlaskên budaya rekane | kacarita kongsi tigang sasi | siwuhên narpati | pragnya myat ing sunu ||

25. dene putra wus diwasa ngênting | karo bagus anom | dèrèng mawi krama sakarone | dadya kengis nisthaning narpati | lingsêm tanpa titih | dènira ngrèh sunu ||

26. sangkin putêk kabyatan ing wingit | umiyos sang katong | para raja dipati samyandhèr | pra punggawa myang nayaka mantri | satriya prajurit | ngabèi tumênggung ||

27. dêmang arya rôngga tôndha mantri | para santana byor | neka warna asri busanane | magêlaran sang sri narapati | ingayap pra manis | lir asmara nurun ||

28. pinarak ing dirgasana rukmi | adhêdhêp punang wong | kadya konjêm ing kisma mukane | jrih umiyat dukaning narpati | jajabang waktrandik | lir umijil latu ||

29. glarap asru pangandika aji | hèh sagung pra katong | putraningsun radèn sakarone | apa ana sanggupe [sanggu...]

--- 295 ---

[...pe] kawijil | arsa mawi krami | matura satuhu ||

30. matur nêmbah Patih Bathikmadrim | nuwun duka katong | para raja nêlaskên rekane | putra dalêm botên mawi gigrig | sang sri narapati | ngandika ing kalbu ||

31. dene nora kayaa ki mantri | kaliwat awangkot | têmbe tumon ingsun lagi mangke | priya ajrih marang ing pawèstri | karo kaki mantri | apa tanpa kalbu ||

32. tan kabapan sarambut tan mirib | ingsun duk maksih nom | anyatriya sêdhênge bêbêgèr | lamun ingsun mulat pipi kuning | mêntas dèn pupuri | age kudu ngambung ||

33. dangu tanpa angling sri bupati | wimbuh ing tyas kepon | arsa duka ing para rajane | jrih sêsikuning dewa linêwih | dêduka ing siwi | kabyatan sihipun ||

34. dahat èmêng ing driya sang aji | angandika alon | hèh ki radèn timbalana age | putrèngsun karo arsa sun tanting | lèngsèr awotsari | wong gandhèk lumaku ||

35. tan antara ing kaputran prapti | caraka wus panggoh | lawan radèn dyan andhawuhake | agnyanira ri sang misudhèng sih | sandika dyan kalih | mangkat èsmu wuyung ||

73. Asmaradana

1. ing pagêlaran wus prapti | piyak para mantri seba | lir Hyang Asmara citrane | rema mawur kapawanan | acum lathi tan mucang | pratôndha sungkawèng kalbu | wastra lungsêd tan winurywan ||

2. prapta ngarsaning ramaji | radèn kalih awotsêkar |

--- 296 ---

ngaras padanira katong | tigang pandurat tan nabda | wêlas mulat mring putra | puwara ngandika prabu | karo wus padha diwasa ||

3. sêdhênge mawia krami | ingsun iki wus atuwa | yèn ta mungguha srêngenge | wayah sangandhaping ngasar | wus lungse barang karya | acêpak mangsane surup | kaki sira uminjêma ||

4. panjênênganingsun aji | ingsun arsa amagawan | atapa ing aldakane | anênêdha ing jawata | yèn ana luputira | muwah yèn nêmu pakewuh | mumpung maksih jênêng ingwang ||

5. mungguh karsaningsun iki | kaya age kalakona | kang putra tur pranatane | anuwun duka lênggana | sumilih ing paduka | mendah ucaping praja gung | winastan anggege môngsa ||

6. kang rama ngandika malih | ywa lênggana ing sudarma | tan raharja ing jênênge | radèn matur tan lênggana | gumanti madêg nata | yèn paduka sampun surud | ing mangke dèrèng sambada ||

7. nadyan madêga narpati | yèn sampun mirib paduka | amanggiha prakarewoh | tan kewran ing rèh linakyan | yèn amba dèrèng dibya | manggih pakewuh datan wun | karya duhkitaning driya ||

8. lamun tan singhit dadyaji | akarya lingsêming praja | yèn ulun madêga katong | ing tyas maksih dahat mudha | tangèh wrin ing lukita | sayakti asasar-susur | tumpang suh patraping karya ||

9. susah tyase para mantri | sang nata micarèng driya | bênêr ki putra ature | Adipati Wijanarka |

--- 297 ---

matur ing rajaputra | dhuh anggèr yogya tinurut | karsane rama paduka ||

10. punggawa samya punagi | yèn anggèr madêg narendra | lamun wontên mêngsah rawoh | kawula ingkang nanggulang | mamrih ayuning praja | ngandika sang rajasunu | paman nisthaning narendra ||

11. yèn anut aturing dasih | yèku ratu tanpa nalar | datan kèringan jênênge | enggal binobot ing aprang | nata mèsêm ing driya | putra kang anèm tinantun | matur Radyan Danurwenda ||

12. mendah ucaping nagari | sinêbut datanpa ngrasa | kadang sêpuh lamun maksèh | anglampahi kawlasarsa | kang anom suka wirya | sinêbut ing wadya agung | panjênêngan ratu murka ||

13. purun kawula amukti | yèn sarêng lawan kakangmas | nadyan manggiha papane | sampun sah lan kadang tuwa | nadyan pêjah gêsanga | tumutur ing kadang sêpuh | punika dununging sêmbah ||

14. braminta tyasirang aji | puwara aris ngandika | lah padha rabia bae | pilihana kang prayoga | putri ing nuswa Jawa | warnanira ayu-ayu | miwah para putri sabrang ||

15. kabèh padha putri adi | Solo kang Ambon Sambawa | Makasar Bugis Têrnete | Banjarmasin Sokadana | Tatar lawan Palembang | Burni Bima Bali Bandhung | Nglampung lawan Tulangbawang ||

16. Bôngkaulu lan Pêtani | Siyam Pahang Siyak Cêmpa | Ngriyo Trêngganu lan Johor | Ngacih muwah ing Sumatra | Malaka lan Sêmboja | putrine [pu...]

--- 298 ---

[...trine] padha yu- ayu | payo padha pilihana ||

17. Sarwa kalawan Sarwati | Endrajini Magajendra | miwah Pudhaksatêgale | Ngawulangit lan Maldewa | ing Sulu Sêcaboma | Paranggumiwang lan Butun | miwah putri ing Malawa ||

18. apa kang winalang ati | satriya digdayèng rana | putraning ratu kinaot | utamaning wong agêsang | apadmiya sakawan | anyêlira patang puluh | angur kapara luwiha ||

19. pacangkraman ingkang adi | iya wong ngungrum wanodya | witing suka iku radèn | amung wong ngêngudang putra | marmane akramaa | rahadèn nêmbah umatur | kawula tan arsa krama ||

20. yèn tan antuk putri adi | kang kalêbêt ing saloka | ingkang susila ambêke | ingkang akumba carana | kang mêdani kang reka | ingkang nastiti nawangrum | ingkang jatmika pidêksa ||

21. ingkang acèthi cuwiri | lir tunjung tuwuh ing sela | kang pramakrama kawine | yèn tan angsal kang mangkana | ulun tan arsa krama | mèsêm ngandika sang prabu | inya manjinga jro pura ||

22. matura mring pramèswari | para putri kang prayoga | dèn paripurnaa kabèh | dimèn padha tiningalan | marang putra manira | kang liningan awotsantun | wisata manjing jro pura ||

23. andhawuhkên mring sang padmi | timbalanira sang nata | katri sandika ature | kang para putri sadaya | ngandikan pinaesan | binusanan asêsampur | pêpak rêrênggan saôngga ||

--- 299 ---

24. putri saking Jônggiraji | ing Boja Pudhaksatêgal | Ngendrajini lan Johorlok | Magajendra lan Sarwôngga | Sarwiti Tulangbawang | Sandhak Siyak Siyêm Lampung | myang pulo ing Sêcaboma ||

25. miwah Ngawu-awulangit | Pêtani Paranggumiwang | Trêngganu Malaka Ngriyo | kumpul samya putri sabrang | pinatah prênahira | lan putri Jawa tan carub | kinarya sisih-sisihan ||

26. putri Jawa Tunjungpuri | Widarba Palasajênar | Candhipura Nusabarong | Batarêkta Nglesanpura | Mandura lan Kumbina | Trajutisna Socawindu | Môndraka Ngawônggapura ||

27. Wiratha Banjarmalathi | Campala lan ing Pamênang | Purwôngga Panatarane | kabèh padha putri Jawa | ngandikan abusana | amandara acêcênthung | atanapi asêsobrah ||

28. kathah warnanên ing tulis | busananing para kênya | sapantêse dhewe-dhewe | acalumpring amanggala | jêjamang gêlang kana | kêbo mênggah akêkalung | acêcarang apadaka ||

29. arja sêsimping hèr thathit | krawistha rinaja putra | kilat bau bêbinggêle | sêkar suhun pinakaja | acundhuk nawarêtna | ting paluncar ting palancur | asêsumping surèng patya ||

30. sadaya amawi singsim | intên nila lan pakaja | jumantên widuri ijo | mirah selan intên mulya | lir lintang kang ujwala | hèr thathit mirah jumêrut | sêngkange awarna-warna ||

31. nata brôngta kang cinawi |

--- 300 ---

ana bapang sinamiran | ana sêngkang ganggong ijo | tutup lan urubing damar | seta lawan sumbulan | ana sêngkang banci luhur | mangunkung bapang rinêngga ||

32. surêm ujwalaning rawi | kasongan ing busanabra | tan wus ucapên rarase | busana miwah sêsotya | tulyendah amradipta | sinawang pating palancur | muncar-muncar ting palêncar ||

33. sumrêg gandaning kasturi | tiningkah busananira | sapantêse dhewe-dhewe | ana asampur perêm mas | kaloran lumbèng wiyat | gonjong ijo lawan pêlung | daragêm lawan pêpodhang ||

34. udaraga lan kumitir | sêmu kirang pinarada | jinggo maruta myang rèjèng | banguntulak pinarada | sindur lan jingga môngsa | akèh ingkang kêmbang kangkung | gadhungmlathi mayang sêkar ||

74. Kinanthi

1. cindhe wungu sinjangipun | wênèh sinjang cindhe wilis | sawênèh cindhe jalamprang | cakar ayam dhasar wilis | kanigara lan kananga | ana sinjang ragi bali ||

2. têgaron kalawan guntur | ana sinjang golang-galing | pantês lawan paèsira | rêspati sami pêpilis | tan pae Hyang Endralaya | jro pura ing Mlawapati ||

3. sri-asrining putri ayu | ingkang upama apsari | pramèswari angandika | mring sakèhing para putri | aja na dadi tyasira | sapa-sapa kang pinilih ||

4. pasthi dadi mantuningsun | lan ginanjar andarbèni | saisining dalem pura | ingsun darma angrawati | putri sadaya manêmbah |

--- 301 ---

wus katur ing sri bupati ||

5. yèn kang paripurna sampun | samêkta kang para putri | kondur sang sri naranata | putra kêkalih umiring | pramèswari tri amapag | Mayangsari nômpa warih ||

6. mahasini kalih ngayun | katiga mêthuk ing laki | putri ing Bojanagara | lan putri Kartanagari | kongsi tumêka ing tuwa | tan suda bêkti ing laki ||

7. sih-sinihan amêmaru | lir tunggal sayayah bibi | tan ana suwalèng karsa | marune sadaya asih | pantês tiniru ing kathah | anggepe suwitèng laki ||

8. sang nata nulya kapêthuk | sang dyah kalih angabêkti | nungkêmi pada narendra | sri nata awlas ing sori | dhuh yayi wis padha tuwa | maksih abêkti ing laki ||

9. ingaras atangkis gêlung | ginanti ingarih-arih | dhuh mirah pepujaningwang | kang asih bêkti ing laki | Kèn Ambarawati arsa | ingêmban umatur aris ||

10. ajrih kawula bok dhawuh | pae duk anèm kuwawi | sang nata mèsêm ngandika | môngsa sun runtuhna yayi | wong tuwa sugih wiweka | prayitna angati-ati ||

11. wus lênggah ing pandhapa gung | para garwa ngapit-apit | rahadèn kalih ngandikan | praptèng ngarsa manganjali | sang nata aris ngandika | timbalana para putri ||

12. wus prapta nèng ngarsanipun | pêpak sagung para putri | tarap ing ngarsa narendra | sri tinon kadya apsari | nata ngling lah pilihana | êndi kang sira sênêngi ||

13. mara

--- 302 ---

aranana gupuh | radèn kalih aningali | mring para putri sadaya | tan ana kang dèn sênêngi | pangrasanira dyan putra | sadaya amawi ciri ||

14. akèh ingkang padha ayu | kang ayu kurang prak ati | prak ati kirang tanaga | kang tanaga tan rêspati | kang rêspati tan pidêksa | kang pidêksa kirang manis ||

15. kang manis-manis tan ruruh | kang ruruh kirang lêlungid | kang lungid datan jatmika | kang jatmika kirang cèthi | kang cèthi kirang pasaja | kang pasaja kirang lindri ||

16. kang lindri-lindri tan sêmu | kang sêmu kirang mêdani | kang mêdani kirang reka | kang reka kirang mantêsi | kang mantêsi tan wiraga | kang wiraga kirang wingit ||

17. kang wingit tan anawang rum | kang nawang rum tan cawiri | kang cawiri kirang kumba | kang kumba carana sêpi | kang carana tan susila | kang susila kirang rungih ||

18. aris ngandika sang prabu | ana ta kang sira pilih | putra kalih matur nêmbah | tan wontên amba sênêngi | lêhêng taksih alêlamban | yèn kramèstri mawi ciri ||

19. mohita ing tyas sang prabu | ngandika mring pramèswari | para putri dhawuhana | anggêgodha gênti-gênti | parakna mring pajungutan | gilirêna para putri ||

20. ngukih alunturing lulut | dèn bisa padha nglakoni | mêmalad sihe ki putra | kacarita pitung ratri | ki putra kalih nèng pura | binancana ing pra putri ||

21. ana asung gantèn arum | ana sandhing nyiwêl wêntis | ana mèsêm angujiwat |

--- 303 ---

akèh solahe ngalap sih | rahadèn sangsaya ewa | tyasira tan kêna gigrig ||

22. malah para putri wuyung | kingkin tan kapadhan ing sih | mring radèn asru kasmaran | mundur merang samya nangis | sadaya marek ing nata | ngaturkên ruditèng galih ||

23. tyas wimbuh duka sang prabu | tinimbalan putra kalih | prapta ing ngarsa sinabdan | pilihên parentah mami | krama lawan tilar praja | tur sêmbah rahadèn kalih ||

24. lêhêng mentara anglangut | tan arsa kawula krami | sayarda rêngat narendra | sakala nir sih mring siwi | dêduka mawi sêngara | lah sira lungaa aglis ||

25. ingsun tan sudi angaku | anak mring sira wit dening | cêkak budi wangkal sugal | inya wêtokna dèn aglis | yèn awèta kasat mata | sun suduk ing wuluh gadhing ||

75. Dudukwuluh

1. dyan rinômpa rahadèn ginawa mêtu | dening sagung para nyai | kandhêg anèng sitiluhur | kori sadaya kinunci | timbalanira sang katong ||

2. maring abdi kang sami nangkil sadarum | aja na marma ngulati | dyan kalih ingkang tinundhung | pinacuhan mawa dasih | lan malih undhanging katong ||

3. sapa ingkang wêlas kinêbat kang lungguh | dinalêmakên kang èstri | punggawa samya kapiluh | ajrih pacêh ing narpati | arda merang radèn karo ||

4. ing wadyakèh sigra lumèngsèr sang bagus | kadya tan bisa lumaris | cahya anglêlêntrih kusut | datan etang

--- 304 ---

lara pati | samarga amirong dodot ||

5. pasar gègèr wadya wus sami angrungu | yèn kadukan radèn kalih | sadaya sami angungun | kaniaya sri bupati | satriya kalih wus rawoh ||

6. ing dalême sami amicarèng kalbu | yèn ingsun lungaa anis | ing siyang akèh kang milu | dadi obahing nagari | wangwang angandika alon ||

7. maring para cèthi ing sapungkur ingsun | padha dèn abêcik kari | sakèh rajabrananingsun | pabapadha. dumên dèn waradin | lamun ana sisip ingong ||

8. angapura-ingapura wong tumuwuh | iku wajibing aurip | pawongan ingkang angrungu | sadaya sami anangis | Radyan Anglingkusuma lon ||

9. angandika mring antên dhuh ariningsun | karia anèng nagari | lamun kangjêng rama surud | sira jumênênga aji | aja kawatir maringong ||

10. ingsun arsa dagang nyawa nganyut umur | apaitan lara pati | sun anjajah wana agung | ingong lara mumpung mukti | palastra mumpung tumuwoh ||

11. sira yayi tulusa umadêg prabu | larane ingsun lakoni | kang rayi angrangkul suku | aturira èsmu tangis | tan kêna tinambak kang loh ||

12. dhuh kakang mas paduka kadang ngong sêpuh | dununging sêmbah sayakti | sêsilihe rama prabu | kawula tan purun kari | pejah gêsang arsa wêroh ||

13. ing saparan paduka ulun tumutur | kakangmas raosing galih | dèn iringa wadya sèwu | tan sami kalawan [kala...]

--- 305 ---

[...wan] mami | kalamun manggih pakewoh ||

14. anèng paran kawula atalang lampus | upami kawula kari | nèng praja umadêg prabu | paduka kawêlas asih | tanpa ngrasa wandaningong ||

15. mendah èsêming praja pocapanipun | para nayaka bupati | môngsa puruna sumuyud | pasthi samya satru ati | kawangwang nisthaning katong ||

16. maring wadya malih asiha puniku | kadang sêpuh tan tinolih | nadyan kangjêng rama prabu | môngsa pracadiya yakti | kang raka angrangkul gupoh ||

17. dhuh ari mas asih têmên marang ingsun | payo padha tilar nagri | kulandaragni wus surup | pradôngga munya ngrêrangin | badhaya kinirab abyor ||

18. abadhudan samya suka manahipun | wong kaputran jalu èstri | radyan lolos têngah dalu | wadya tan ana udani | mêtwèng bêbutulan kêbon ||

76. Pangkur

1. kadya pinulung ing dewa | kesahira wau satriya kalih | wadya tan ana kang wêruh | katungkul bêbadhudan | majang sasi kang anis amurang ênu | asongsong adining manah | asuluh lintang lan sasi ||

2. kadya warastra lumêpas | lampahira ing jawi kitha prapti | sinêru dènnya lumaku | kawingking ing Malawa | enjing gègèr ing praja katur ing prabu | lamun rajaputra musna | anjêngêr sri narapati ||

3. datan kêna angandika | tan bisosik pramèswari kêkalih | murcita dangu tan emut | umyung tangis jro pura | pra punggawa satriya [sa...]

--- 306 ---

[...triya] samyarsa nusul | dahat ajrih ing narendra | kawangwang undhang narpati ||

4. nêngna solahing jro praja | kawarnaa lampahe radèn kalih | anarajang wana gunung | datan amanggih desa | lamun arip sare ing saênggènipun | godhong kang lêmês dhinahar | andina ratri lumaris ||

5. supe rêngganing kawiryan | tan lèn muhung wirang ingkang kaèsthi | ngambah wana writ asirung | jurang bae ranira | pasênêtan ing warak kalawan sênuk | ula lanang ting saladhang | tan ana burone alit ||

6. tan ana kawawa ngambah | jurang baèr jêmbar jêro arumpil | kêkayone warna têlu | ingas lan karamean | gurdanira ngrêmbuyung krambatan gandhu | kambah ing sang narpaputra | gègèr isining wanadri ||

7. ana kang arsa sikara | sênuk mèmrèng blêgdaba angêmasi | sato mara-mara lampus | buron julig kaplajar | kabarasat aningid ing guwa samun | samya rêbut kauripan | mawur ingkang buron alit ||

8. dhasar wijiling atapa | radyan kalih kêkasihing dewadi | bapa raja ibu ratu | akaki binagawan | paman sinangarya punggawa gul-agul | mangkya anandhang sungkawa | kajantaka nèng wanadri ||

9. andhatêngkên gara-gara | lindhu bumi orêg rèh gonjang-ganjing | mawor bajra kumarusuk | parang rênggang gumiwang | megung gongsor agraning ardi Sumèru | udan awu alimunan | gêtêr patêr mawor thathit ||

10. asênggani

--- 307 ---

maliwêran | pôncawôra kumusuh gra matarik | gumaludhug rèh gumuntur | kupak manambêr sela | sumyur maring wiyati sinrang ing bayu | ladhu mili saking arga | kawah mubal matruh agni ||

11. gègèr saisining arga | ajar-ajar kaplajar sami ngungsi | manguyu sami kaplayu | abêt-abêt puyêngan | para bambang uluguntung ting bilulung | endhang-endhang ting kadhungsang | pêputhut cantrik andhêlik ||

12. ing wukir dhepok kobaran | arga gênjot kumêcak kang jaladri | prabata akathah jugrug | prawitaning prabawa | dhihin natèng Malawa kandhahan wuyung | wit dening anising wêka | ping kalih brangtaning sori ||

13. samyanggung lara karuna | kaping trine dyan kalih nandhang kingkin | pratôndha gara-gara gung | yèn kèkasihing dewa | katuridan mangkana sang rajasunu | wus mungkurkên baèr jurang | kandhêg tan wikan ing margi ||

14. gantya ingkang winursita | pandhitadi barang cinipta dadi | sidik ing paningalipun | sampun angraga suksma | tuhu lamun kinaot sêsamèng wiku | salir tapa linaksanan | Bagawan Santanumurti ||

15. jêjulukira sang dwija | adhêdhepok ing wukir Arcamanik | sampun wênang yèn sinêbut | mahanata pandhita | sinêmbah ing para tapa watêk wiku | nadyan kathaha patirtan | tan kadya ing Ngarcamanik ||

16. arja wus prasasat praja | kacarita sang dwija darbe siwi | èstri kêkalih samyayu | punjul ing pramudita | tangèh kênia [kêni...]

--- 308 ---

[...a] cinôndra ayunipun | èstu yèn tan atumimbang | warnane kusumèng ardi ||

17. ananging kusuma rara | kalihira putra pêpujan sami | winuwus rikalèng dangu | sang dwija anênêdha | pêputra anulya nyupêna ing dalu | yèn darbe putra wanodya | kêkalih ayu linêwih ||

18. sawungunira kasmaran | mêsat saking srama tapèng jaladri | tigang warsa laminipun | anèng jroning udaya | intên bumi ginêgêm nèng ngarsanipun | têngên astanira kiwa | musthi sumarsana wilis ||

19. saking gênturirèng brata | saciptanta tinujon ing dewasih | intên bumi musna sampun | dadya bayi wanodya | ingkang sêkar sumarsana musnanipun | saking astanira kiwa | dadya jabang bayi èstri ||

20. suka tyasira sang dwija | de karsane jinurung ing dewasih | atmaja sinung jêjuluk | tinurut ajalira | ingkang saking intên bumi wastanipun | kusuma Srêngganarêtna | kang anèm Srêngganasari ||

21. kalihira yu utama | citra kadi Supraba lawan Ratih | tan ana sasaminipun | kalokèng môncapraja | yèn ing Ngarcamanik wontên endhang ayu | sor apsari Ngendraloka | akathah satriya brangti ||

22. anglamar mring Ngarcamolah | pira-pira prapta samya tinampik | tan ana panujwèng kalbu | sang dyah tan arsa krama | dadya karya orêming tyas sang pilungguh | de pinrêp ing parangmuka | kinêpung ing Ngarcamanik ||

23. ing wadya Paranggubarja | ratu agung

--- 309 ---

prakosa ing ajurit | jêjulukira sang prabu | Raja Surawisesa | sak ing driya tinampik panglamaripun | mila arsa ngrabasèng prang | mring wiku ing Ngarcamanik ||

24. gègèr têpis iring arga | kaèbêkan ing wadya lir jaladri | uluguntung ting bilulung | ajar-ajar kaplajar | cantrik samyandhêlik manguyu kaplayu | endhang-endhang ting kadhusang | wêwasi sami angungsi ||

25. marêk ing sang maha dwija | lagya lênggah siniwèng para wasi | gocara jêjanggan puthut | abêt -abêt pra bambang | cantrik-cantrik manguyu myang uluguntung | atanapi ajar-ajar | jibêg nèng ngarsa sang yogi ||

26. ana puthut kinasihan | paliwaranira ri sang suyati | môngka larapaning atur | ran Puthut Kartiraga | lawan Kartisoma prasami umatur | pukulun sang maha dwija | kawula atur udani ||

27. wontên parangmuka prapta | angrabasa wadya lir jalanidi | ing Paranggubarja Prabu | andhatêngakên arda | paran karsa mèsêm muwus Sang Santanu- | murti sira sabilana | iku wong sikarèng budi ||

28. pêpêkên sakèh wong arga | saanane nanggulanga ing jurit | dèn padha panggah ing kewuh | sawusira ngandika | kondur marang pamêlêngan sang awiku | Kartiraga Kartisoma | anabuh gêntha tinitir ||

29. umyang wor lan swarèng kêndhang | tanpa rungwan Sênggani lan Sundari | pating brêkik uluguntung | muntab wong Ngarcamolah | ngumpul samya ngrakit pasikêpanipun | tarantang

--- 310 ---

lan arit bapang | garanggang bandhil suligi ||

30. congkop pecok lan bêngkolang | sènggèt sawat panguthik arit kudhi | têlabung kalawan sangut | sawênèh masang borang | anèng sêngkan pêpèrèng anancang watu | watara ana sanambang | gêgaman ing Ngarcamanik ||

31. abaris sarwi asurak | mudhun saking arga pating barêkik | kêkêlèng kêkênthong umyung | kagyat wadya ing Parang- | gubarja dyan sawega mulat wong gunung | magut nèng sêngkaning arga | wadyèng Gubarja ngunggahi ||

32. pinapag ing para bambang | ginarudug ing sela lawan bêdhil | wong Gubarja minguk-minguk | kinarutug ing sela | mêksa ngrangsang tumpês ginunturan watu | kèlês ing sela sagajah | gumalundhung saking nginggil ||

33. kadya gajah sêsandêran | sikêping prang Gubarja kèh ngêmasi | rêmpu katiban ing watu | kang sumimpang mring jurang | nunjang borang karang kang sinra nging busur | dinuk ing sawat bêngkolang | kajêngkang tiba kawanting ||

34. bubar wong Paranggubarja | ingkang dira panggah anêmu pati | rêmuk kagutuk ing watu | prajurit nitih kuda | kang katiban rêmpu lawan kudanipun | ana punggawa panuwa | umatur dhatêng kya patih ||

35. paranta karsa paduka | ing ayuda sangkin kathah ngêmasi | Patih Lenggotbawa muwus | lah padha gêlarana | wong ing arga dimène padha tumurun | tangkêbên ing papan rata | mundura dèn kaya ajrih ||

--- 311 ---

77. Durma

1. wus arêmbag mantri punggawa sadaya | sigra ngangsahkên baris | prawira nèng ngarsa | ngrangsang sukuning arga | amapag wong Ngarcamanik | luguntung janggan | bambang manguyu cantrik ||

2. tinindhihan marang puthut Kartisoma | senapatining jurit | puthut Kartiraga | nyothe kudhi tarantang | palêncungira cinangking | mangsah sêsumbar | datan ajrih ing bêdhil ||

3. gumarêdêg para bambang mangsah ing prang | nyangking garanggang gêsing | bandhil kadya udan | awor sawat bêngkolang | watu agêng dèn cancangi | samya tinatas | gumrudug anibani ||

4. wadyèng Paranggubarja bubar sasaran | gumrêdêg rêbut dhihin | gêgaman tinilar | watang pating salêbar | samya tilar kuda èsthi | kinarya gêlar | wong arga tan udani ||

5. Kartiraga Kartisomarda saarsa | ambandhang waos bêdhil | bandera turôngga | sigra angêlud lawan | duk prapta ing papan radin | mingêr angiwa | ingkang lumayu bali ||

6. pra punggawa anginêbi keri kanan | para mantri prajurit | nanggulang ing ngarsa | wong arga kaurugan | wus sayah pinêrêp wani | lamun jitusa | saksat ijèn ing jurit ||

7. kadar pira wong arga amungsuh wêndran | inurugan pêpati | sinosog ing watang | caruk lawan tarantang | tumpês bambang puthut wasi | kang panggah pêjah | kang mundur nandhang kanin ||

8. mojar Kartiraga marang Kartisoma | ngajak barêng ngêmasi | Kartisoma mojar | ya kakang aywa susah |

--- 312 ---

payo padha barêng nitis | lir singalodra | krodhane puthut kalih ||

9. Kartiraga angamuk lawan tarantang | gulung amancas sikil | ngadêg asêsumbar | rêbutên ing ayuda | wruhanira ingsun iki | lajêring yuda | wong gunung Ngarcamanik ||

10. yèn sun mati anitis ing ratunira | bojomu sun pundhuti | sanak putunira | sun karya jêjamahan | sira sun gawe pangarit | para prawira | akèh dhongkah kinudhi ||

11. ingurugan pêpati Ki Kartiraga | Kartisoma tan gingsir | tan pasah ing braja | pangamuke wus sayah | puthut kalih kasaliring | dèn byuk ing kathah | linimput ngarsa wuri ||

12. wus kabônda Kartiraga Kartisoma | pinala mring ki patih | asambat sang dwija | angur ingsun matia | tan kawawa nandhang sakit | apatih mojar | bêgja yèn sun patèni ||

13. lamun durung lêga rasane kang driya | ingsun piroga dhihin | akathah kang mala | kongsi mutah rudira | mangkana wong Ngarcamanik | ingkang lumajar | sami anandhang kanin ||

14. akèh ngungsi ing guwa lan jurang parang | nahan winarna malih | risang rajaputra | kêkalih kang lêlana | Anglingkusuma lan ari | sami miyarsa | suraking andon jurit ||

15. angandika Rahadèn Anglingkusuma | swaraning apa yayi | iki lir swarèng prang | lah mayo pinaranan | sigra lumampah wong kalih | praptèng tunggangan | mangu mulat wong kanin ||

16. galasahan anèng satêpining

--- 313 ---

marga | radyan têtanya aris | sira kênèng apa | kang tinanya saurnya | banjutên wasisan mami | nora kawawa | nandhang laraning kanin ||

17. radyan angling ingsun dudu mungsuhira | aywa asalah tampi | apa karanira | sira anandhang brana | lan iki gunung ing ngêndi | matur ngrêrêpa | sun Puthut Sangupati ||

18. kawon aprang mêngsah wong Paranggubarja | puniki ingkang wukir | wasta Ngarcamolah | panêngrane kang tapa | Bagawan Santanumurti | darbe atmaja | kêkalih sami èstri ||

19. sakamantyan endah datanpa sasama | ngasorakên apsari | linamar ing raja | nagri Paranggubarja | nging kusumèng arga nampik | marma sang nata | ing Gubarja sru runtik ||

20. ngrabasèng prang wong arga samya nanggulang | tumpês tan môngga pulih | têlas aturira | ki puthut nulya pêjah | rahadyan awlas ningali | sang narpasuta | dènnya miyarsa warti ||

21. dèrèng wruh ing suwarna ana kasara | mring sang dyah Ngarcamanik | dadya angandika | Radyan Anglingkusuma | paran karsanira yayi | Dyan Danurwenda | matur lamun suwawi ||

22. atêtulung marang wong kinaniaya | sinau dagang pati | apawitan nyawa | tinarima ing dewa | utamaning tapa munggwing | pucuking braja | yèku sinau jurit ||

23. anèng wana ngulari marganing taka | kang raka ngandikaris | bênêr yayi sira | nanging ta mungsuhira | abot lir robing jaladri | môngsa kêlara | abêbalunga wêsi ||

--- 314 ---

24. akulita têmbaga otota kawat | kaya nora kawawi | kang rayi turira | upami setubônda | lamun tinrajang ing banjir | lajêre rungkad | êram katut pribadi ||

25. kang raka ngling sukur yayi mantêpsira | wus ngarti ing ajurit | sigra parêng mangkat | tumamèng pabaratan | wong kathah sami ningali | cêngêng kewala | tan ana bisa angling ||

26. kang sawênèh narka yèn dewa andharat | arsa têtakèn ajrih | kang kapapag nyimpang | ana narka siluman | praptèng ngarsanira patih | Lenggotbawarsa | nuwêk bêbandan kalih ||

27. wadyanira akapang radyan manêngah | madêg ngarsaning patih | mojar atêtanya | iku bêbandan apa | lan sapa aranmu mantri | patih sru mojar | sira bocah ing ngêndi ||

28. bagus warnanira kaliwat digsura | radyan aris nauri | sun wong kêmul mega | alasan tanpa wisma | tanpa sanak kandhang langit | andon lêlana | sira priyayi ngêndi ||

29. iya ingsun patih ing Paranggubarja | iku puthut ing ardi | kalah prang sun bônda | radyan kalih têtanya | apa purwaning ajurit | patih manabda | putri ing Ngarcamanik ||

30. linamar ing ratuningsun datan arsa | sumarma ngong unggahi | sun gêmpur wong arga | angling Dyan Danurwenda | rajanira ingkang sisip | mahambêk syarda | misesa wong tan apti ||

31. anandukkên purusambêk goragodha | sun jaluk puthut kalih | ingsun kang nanggulang | ngayoni jayèng laga |

--- 315 ---

yèn sira tanbuh mring mami | manira raja | putra ing Mlawapati ||

32. panêngêran ngong Radèn Anglingkusuma | Danurwenda ri mami | lêlanandon aprang | tumulung ing sinyarda | bramatya rakyana patih | matag ing wadya | mikut satriya kalih ||

33. rajaputra kinalang ing wadyakuswa | kêsit saengga thathit | asru angandika | mring puthut sumingkira | ingsun dhewe kang nadhahi | sarwi andhupak | bêbandan puthut kalih ||

34. Kartiraga lan Kartisoma kasingsal | udhar ingkang têtali | cêngkalak malêsat | rumagang pra prawira | ki patih asikêp bindi | krodha mawinga | gumrudug para mantri ||

35. ana sikêp limpung pêdhang lawan rajang | duduk gandhi suligi | parasu sarampang | rahadèn kinêmbulan | ginarumung ing pra mantri | sudira panggah | sami anarik kêris ||

36. ngamuk nêngah singa katrajang sulayah | akèh mantri ngêmasi | udrêg mawurahan | swaraning braja rêmak | amor sambating wong kanin | pating sulayah | kadya babadan pacing ||

37. sing mandining curiga kang kampad pêjah | ingkang kabêsèr mati | kang kapancas pêjah | Apatih Lenggotbawa | mara mojar anudingi | hèh bocah alas | baya bosêna urip ||

38. nora wurung sira palastra deningwang | dyan sinabet ing bindi | rahadèn malumpat | akêsit lir widyuta | pinupuh-pupuh tan kêni | Anglingkusuma | malumpat anjangkahi ||

39. nrang anuduk jaja anrus [anru...]

--- 316 ---

[...s] ing walikat | patih niba ngêmasi | tinigas murdanya | binuwangkên mring mêngsah | sêsumbar rahadyan kalih | barênga mara | rêbutên ing ajurit ||

40. ingsun putra ing Malawa amèna prang | widigdya ing ajurit | kinudang prawira | marma andon lêlana | saking dening kurang tandhing | barênga mara | sapa arsa ngêmasi ||

41. wong Gubarja papagêna tandang ingwang | tangkêpa sèwu sisih | salêksa ing ngarsa | ana punggawa sura | ing Gubarjandêling jurit | têguh prawira | tate nguwusi kardi ||

42. aran Dêmang Janala mangsah ing yuda | sikêp limpung suligi | pinapag saksana | mring Radyan Danurwenda | limpung lumarap tinangkis | ing asta kiwa | malêsat mupuh malih ||

43. tinadhahan ing asta sampun karêbat | radyan asru dènnyangling | lah tirunên ingwang | sikêp limpung anulya | sinabêt Janala kêni | baune kiwa | sigra dèn ancap wani ||

44. kaprajaya tinigas kang utamôngga | binuwang kinaryundhi | radyan asru mojar | hèh wong Paranggubarja | tontonên patining patih | karyanên têpa | tuladha ing ajurit ||

45. sapa arsa mati mangsaha ing rana | kalamun arsa urip | padha lumayua | tutura ratunira | para punggawa kang kari | bubar agiras | juru dêmung sumilih ||

78. Jurudêmung

1. mawut wong Paranggubarja | tan ana mangukih kiwul | wadya lèn prawira larut | lir sètu sinrang ing pasang | rungkad pêpathok lajêr swuh | pokah [po...]

--- 317 ---

[...kah] pêpalange rêmpak | mung êram kewala kantun ||

2. tantara kukud sadaya | puthut kalih ngrangkul suku | nungkêmi sarwi amuwun | dhuh gusti kang widigdaya | kang asih ing kawlas-ayun | baya pitulunging dewa | mendah katura sang wiku ||

3. kasambutan karyotama | tulusa kamantwèng wiku | rahadèn aris amuwus | anglêngkara sang pandhita | sudi ing wong kawlas-ayun | cêkak budi nistha dama | ingkang warna apa ayu ||

4. kusuma ing Ngarcamolah | umatur endah kalangkung | kasor para surawadu | kêkalih ayu utama | Srêngganarêtna kang sêpuh | kang anèm Srêngganasêkar | Dyan Danurwenda sumambung ||

5. apa ayu warnanira | kang anom tanayèng wiku | Puthut Kartisoma matur | sabyanta endah kang citra | nir cacad sapala mulus | mêdani kumba carana | areka pidêksa ruruh ||

6. acèthi kaduk jatmika | manis wadana nawangrum | prak ati raras wèh gandrung | dèrèng wrin sang rajaputra | kasmaran ing warta muhung | Ki Kartiraga mangrêpa | gusti yèn panudyèng kayun ||

7. suwawi sumêngkèng arga | tundhuk kalawan sang wiku | de gusti nanggulang kewuh | ngadoni mêmancas yuda | paranta patuwasipun | tan panggiha lan sang tapa | rahadèn aris amuwus ||

8. kaki puthut sun tarima | yèn munggah ing arga ingsun | sinuba-subèng sang wiku | kèh kang kari parangmuka | manawa sun prang kapupu |

--- 318 ---

nora angêntasi karya | mendah ucape ing pungkur ||

79. Pangkur

1. nadyan ngong panggiha lawan | sang wiku yèn wus sirna mungsuh iki | marmèngsun nanggulang pupuh | tumulung ing sinyarda | tanpa dosa lan ngupaya margèng lampus | tan nêdya ngukih pradana | anglêngkara ing sang yogi ||

2. arsa amupu wong papa | asêmbawa wong alas krama putri | puthut kalih nêmbah matur | kula minggah priyôngga | ing acala tur uninga ing sang wiku | yèn paduka magut ing prang | tan pêthuk satriya kalih ||

3. payo ingsun tuduhêna | pakuwone Paranggubarja Aji | punika sakidul gunung | ara-ara mandhala | lah ta payo pinaran dulunên ingsun | nanggulang yudaning raja | surakên saka ing wuri ||

4. yèn rêmak sira bandhêmna | lamun ingsun lumayu ing ajurit | cacahên ing trantang sangut | sigra parêng lumampah | kawarnaa sang nata sêdhêng anayub | lan sagunging para raja | anèng pakuwon swaratri ||

5. kasaru ing praptanira | Kyai Dêmang Pamalik Rai gipih | kadhêpêk nêmbah umatur | kawula tur uninga | wadya ingkang mêdali salèring gunung | larud kathah ingkang pêjah | kya patih sampun ngêmasi ||

6. kanapitanapi. Dêmang Janala | murdanipun samya kinarya undhi | kagyat sang nata abêndu | dene patihe pêjah | pira kèhe wong arga ki dêmang matur | watawis wontên sanambang | sampun kasoran ing jurit ||

7. nuntên wontên [wontê...]

--- 319 ---

[...n] rare alas | mung kêkalih samya nanggulang jurit | asakti kalangkung-langkung | kêbat cukat lir kilat | tan mêjahi wadyalit ingkang tinuju | para manggala kewala | wadya mawut dèn sumbari ||

8. Mahraja Surawisesa | sru bramatya Dêmang Pamalik Rai | sinawat ing srampang rampung | aniba kapisanan | nata mojar kapaung anggunggung mungsuh | pantês sun gawe jajalan | angapêsakên ing mami ||

9. sigra kèn nêmbang tangara | bêndhe bèri muntab sikêping jurit | arsa angunggahi gunung | angrurah padhepokan | para raja sumahab sawadyanipun | Raja Durbala ing ngarsa | nitih liman mangku bindi ||

10. Raja Durbali rinira | sisih Raja Supala lan Supali | asikêp pêdhang lan limpung | wus aglar anèng papan | radyan kalih asêsumbar nguwuh-uwuh | angadêg madyaning rana | para prajurit ningali ||

11. akèh anarka jawata | kèksi dening Maharaja Durbali | gawok angucap ing kalbu | pantês lamun saktia | lir jawata srayane pandhitèng gunung | sanadyan silih dadia | wisnu murti wong kêkalih ||

12. môngsa ta gôndraa pira | anrêgakên wadya Raja Durbali | nabda kêbyokên ing ganjur | sosogana ing watang | mangsah wadyèng Gubarja sami angrêbut | gumrah ngêlokakên pêjah | mèsêm ngandika dyan kalih ||

13. kaki puthut mêngsah prapta | sumingkira sun pagute ing jurit | tontonên bae prang ingsun | kaki saking mandrawa |

--- 320 ---

lamun kongsi mundura sing rana ingsun | iki tapaning satriya | nèng pucuking braja lungid ||

14. kalamun wong ulah tapa | prathistha ring graning prabata wêsi | ngasorkên brataning wiku | sinêmbah ing manggala | yeku tapa linuhung ki puthut matur | kawula tumut ayuda | kapat umangsah ing jurit ||

15. radyan kalih narik katga | kadya kilat sinosog datan kêni | kang katrajang kabarubuh | ingkang panggah kapradhah | ting sulayah katutuh ing pamukipun | para prawira tumanggah | tan ana nêdya ngunduri ||

80. Durma

1. pangamuke Kartiraga Kartisoma | liwung awuru gêtih | lir singa mamôngsa | akèh prajurit dhongkah | lambunge pinrêp ing kudhi | ana kapancas | bau manguwir-uwir ||

2. sinosog ing ganjur sinabêt ing pêdhang | gulu manguwir-uwir | akèh gundam-gundam | binabad ing tarantang | têguh ki puthut kêkalih | pangamukira | sami awuru gêtih ||

3. giris wadya Paranggubarja yèn mêdhang | antuk rowang pribadi | ki puthut tan kêna | kêbat kaliwat -liwat | akêsit saengga thathit | akèh kang pêjah | dening rowang pribadi ||

4. mawur-mawur sikêping prang asrang-srangan | brasat larut prasami | radèn kalih prapta | ing ngarsanira raja | Durbali tinanya wêngis | sapa ranira | wong gunung paksa wani ||

5. dyan sumaur ya ingsun Anglingkusuma | alasan kandhang langit | ragane ta sira | ratwèng Paranggubarja |

--- 321 ---

sumaur Raja Durbali | ratwèng Bancana | radyan akon sumingkir ||

6. dudu sira tandhing manira ayuda | ratunira sun incih | mêtua ing rana | kang ran Surawisesa | bramatya Raja Durbali | nandukkên gada | lir bêlah kang pratiwi ||

7. Radyan Anglingkusuma cukat malumpat | akêsit kadi thathit | Durbali ingancap | sinuduk jajanira | kawatgata wus ngêmasi | Durbala mangsah | amupuh lawan bindi ||

8. tinangkis ing asta bindine sinêndhal | kêna winalês nuli | rêmuk angganira | karo raja palastra | Dyan Danurwenda marpêki | prapta ing ngarsa- | nira Raja Subali ||

9. sru sinapa hèh gunung sapa ranira | mêksa nanggulang jurit | rajaputra mojar | Danurwenda manira | apa ta sira narpati | Surawisesa | nauri dudu mami ||

10. natèng Sadaksela Subali ran ingwang | sigra dènnya ambindi | Radyan Danurwenda | panggah atangkis asta | cinandhak gadane kêni | nulya sinêndhal | katut tiba kuwalik ||

11. arsa tangi asru pinupuh ing gada | rêmêk awor lan siti | bramatya kang raka | Raja Supala mangsah | anggada aglis tinangkis | kalawan gada | têmpuh mubal kang agni ||

12. putung gadanira sang Raja Supala | murdanira tininggil | rêbah wus palastra | Tumênggung Rudamala | arsa mêdhang saking wuri | mring narpasuta | Kartiraga nadhahi ||

13. pamêdhange tinangkis lawan tarantang | sarêng ambuwang kalih | gêlut drêg-udrêgan |

--- 322 ---

Kartiraga kasoran | tiba kalumah binanting | wus katunggangan | ki puthut api mati ||

14. Rudamala wangwang anarik curiga | arsa nigas anuli | cinandhak kang dakar | sinêndhal sru anjola | daut tiba andagangi | puwara pêjah | dyan cinacah ing kudhi ||

15. sru bramatya Ki Tumênggung Nganglang yuda | ngêmbat watang kumitir | puthut Kartisoma | sigra mingêr mangiwa | Nganglangyuda tan udani | wangwang binapang | githoke tigas pacing ||

16. Kartisoma sêsumbar sarwi ambapang | rêbutên ing ajurit | gêgêdhug ing arga | tate ngrusak katela | anumpês uwi gambili | nepak sêmôngka | anggêmpur talês linjik ||

17. bubar larud wadya ing Paranggubarja | pira-pira kang mati | myang èsthi turôngga | lir sarah ganjur watang | kawarnaa sri bupati | Surawisesa | kesisan ing ajurit ||

18. nitih èsthi anglela mangsah ing rana | wadya santana tapis | tyasira wus ngongkang | angundha-undha gada | sru mojar payo wong ardi | papagna ingwang | atandhing sura sakti ||

19. iya ingsun ratu ing Paranggubarja | ran Surawisesaji | digdaya prakosa | êndi ta rare alas | kang pêksa nanggulang jurit | bosên agêsang | môngsa wurunga mati ||

20. kudu-kudu sira arsa talang pêjah | bayarsa rabi putri | sira tanpa ngrasa | si alas nistha dama | ambêkira pêksa lêwih | sapa ranira | radyan asru nauri ||

21. ingsun Anglingkusuma lan Danurwenda |

--- 323 ---

satriya kandhang langit | midêr tanpa yayah | môngsa ngong gumingsira | têmbe mungsuh lan narpati | dumèh wong alas | mara mupuha dhihin ||

22. ingsun arsa anacak pêpêrêpira | ingong nanggulang jurit | tan amrih pradana | tumulung ing sinyarda | mundura sira sayogi | tolèha praja | ngambila sraya dhihin ||

23. ingkang akèh padha prawira ing yuda | sira wong tanpa budi | jênênging narendra | angêpakkên purusa | bramatya sri narapati | angundha gada | radyan asru ginitik ||

24. narpasuta Anglingkusuma malêsat | sumiyut kadya mimis | mèh tumibèng sela | tangginas Danurwenda | anôngga saka ing wuri | dhuh kadang ingwang | mèh tumibèng selardi ||

25. paduka sor kawula kangmas kang mangsah | ngêmbari sri bupati | kang raka ngandika | rasaning driya kadya | ginablog ing rara sunthi | ari dyan mangsah | ngêmbari sri bupati ||

26. sapa ranmu wong anom mangsah ing yuda | baya bosên aurip | ingsun Danurwenda | lah payo gadanira | tibakna ingsun tadhahi | sigra ginada | radyan malêsat têbih ||

27. Radèn Anglingkusuma sigra anôngga | dhuh kadang ingsun yayi | kumêsar tyas ingwang | sira yayi ngasoa | aywa kongsi mangsah malih | ingsun kewala | kang ngêmbari ing jurit ||

28. karsangingsun raja ing Paranggubarja | aywa kongsi ngêmasi | têluka kewala | matur Dyan Danurwenda | kawula sikêpe wani | sigra

--- 324 ---

umangsah | lumêpas kadi thathit ||

29. datan kongsi ngangkat gada sri narendra | wangwang sinikêp wani | ngêtog krosanira | nanging tan bisa uwal | swanitanira wor gêtih | sirna kang karkat | Sang Surawisesaji ||

30. Radyan Danurwenda matur mring kang raka | kangmas punapa kapti | kang raka ngandika | yayi sira taria | apa ta anjaluk urip | apa palastra | sabrayate tinapis ||

31. karsaningsun eman yèn tumêkèng laya | tulusa madêg aji | ingsun aku bapa | Raja Surawisesa | lêga tyasira turnyaris | inggih uculna | kawula nêdya ngabdi ||

32. dede raja darbea atur madaya | inguculan tumuli | umatur mangrêpa | kawula nyuwun lilah | umantuk dhatêng nagari | putri kawula | kalih katura nyèthi ||

33. yèn kalilan sacôndra kawula prapta | mawa brana lan putri | saos mring aldaka | radyan pêthuk ing karsa | lumèngsèr sri narapati | gumrah sawadya | budhal lir dhandhanggêndhis ||