Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Rônggawarsita, Kumite Rônggawarsitan, 1931-33, #184 (Jilid 1)

Katalog:Babad Rônggawarsita, Kumite Rônggawarsitan, 1931-33, #184
Sambung:
1.Babad Rônggawarsita, Kumite Rônggawarsitan, 1931-33, #184 (Jilid 1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #128.
2.Babad Rônggawarsita, Kumite Rônggawarsitan, 1931-33, #184 (Jilid 2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #191.
3.Babad Rônggawarsita, Kumite Rônggawarsitan, 1931-33, #184 (Jilid 3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #192.

Lelampahanipun R. Ng. Ranggawarsita

Pujangga Karaton ing Surakarta

Jilid I

--- 1 : 0 ---

Sêrat Babad Cariyos Lêlampahanipun Suwargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita

Pujôngga Agêng ing Nagari Surakarta Adiningrat

Jilid I

Kawêdalakên Kumite Rônggawarsitan

Kacithak ing Drikêrèi Marês Surakarta

Taun 1931 _ 347 _ 1000

--- 1 : 0 ---

Bêbuka

Kula nuwun, kados ingkang kasêbut ing sêrat wara-wara, anggènipun komite damêl sêrat babad cêcariyosan lêlampahanipun suwargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pujôngga agêng ing nagari Surakarta Adiningrat, ing mangke awit saking barkahipun ingkang sumare sampun sagêd kasambadan, dados buku punika.

Pangarangipun babad punika namung wêwaton pèngêt-pèngêtan ingkang taksih sagêd pinanggih ing parimatanipun waris, dados sagêd ugi wontên ingkang kècèr, upaminipun, wontên satunggaling lêlampahan, ingkang waris piyambak botên anyumêrêpi, punika tamtu sagêd pinanggih kêkiranganipun utawi gèsèhipun, manawi têmên wontên makatên punika ingkang angarang botên badhe anyelaki, nanging malah bingah sarta ngaturakên panuwun dhatêng ingkang kaparêng nglêrêsakên, ewadene pangintênipun ingkang ngarang cêcariyosan babad punika kados-kados sampun anyêkapi tumrap lêlampahan salêbêting sugêngipun sang pujôngga.

Kajawi punika prêlu matur, kabêkta kamajênganipun bôngsa kita dhatêng kawruh kilenan, bokmanawi wontên ingkang kagungan manah bilih ing dalêm babad punika pinanggih wontên cêcariyosan ingkang kamanah botên manjing akal, utawi sampun [sa...]

--- 1 : 0 ---

[...mpun] botên anjaman, sampun tamtu ingkang ngarang babad punika botên sagêd angaturi katrangan langkung panjang, awit pangarangipun babad namung wêwaton pèngêtanipun para waris ingkang mênangi sugêngipun sang pujôngga, môngka ingkang mênangi wau sapunika sampun botên wontên (tilar dunya), dados rêkaos anggènipun badhe analêsihakên, mila pangajêng-ajêngipun ingkang ngarang sarta komite, sadaya cêcariyosan ing dalêm babad punika, mugi dadosa pamarêm sarta piyandêlipun para maos.

Sêrat babad punika amung isi cêcariyosan lêlampahan (Biographie) nipun sang pujôngga, dene cêcariyosan bab kadibyan, kalangkungan sarta kaelokanipun punapa dene pêthikan karanganipun sêrat-sêrat, dèrèng sagêd kalêbêt ing sêrat babad punika, sabab sawêg bab lêlampahan kemawon sampun samantên kathahipun, sarta pangarangipun komite sampun nama gêlakan, tuwin rumaos bêgja dene pèngêtan-pèngêtan ingkang suwaunipun sampun botên kamanah sarta salong katriwal, sarêng wontên prêlunipun sagêd kaimpun lajêng dados buku punika, mila sasampunipun buku babad punika rampung, komite rumaos bingah kanthi lêganing manah, sarta lajêng wiwit badhe ngayati adamêl buku ingkang isi bab kasêbut nginggil, amung sarèhning cêcariyosan utawi

--- 1 : 0 ---

dêdongengan bab kaelokanipun sang pujôngga punika kathah, kapara ingkang sami anyumêrêpi utawi ngalami malah tiyang sanès, mila pangarangipun tamtu botên sagêd kanthi enggal-enggalan, sarta kêdah kanthi pitulunganipun tiyang sanès wau.

Botên langkung anggènipun komite badhe ngangkah damêl buku babad minôngka sambêtipun babad punika, amung nyuwun pangèstunipun para maos, supados lajêng sagêd enggal kalêksananipun, punapadene manawi wontên kalèntuning tindakipun komite bab pandamêlipun sêrat babad utawi lampahipun anggèning damêl wilujêngan, komite amung nyuwun gunging pangaksama.

Katandhan,

Komite.

--- 1 : 1 ---

Punika sêrat babad lêlampahanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, nalika puruhita ngaji dhumatêng ing kitha Panaraga, saha dhumawah ing kaelokan nalika anglampahi kungkum wontên ing lèpèn Watu laminipun 40 dalu, limrahipun dipun wastani wahyuning kapujanggan, lêlampahan wau kacariyosakên wiwit sadèrèngipun diwasa ngantos dumugi sedanipun, sarta mawi dipun dèkèki asalsilah sawatawis ingkang nurunakên dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita wau, karanganipun para waris, ingkang lajêng dados pangrèh adêgan Rônggawarsitan, pangarangipun mêndhêt pêpiritan saking pèngêtanipun para waris, ingkang anyumêrêpi piyambak dhatêng lêlampahan wau, kawontênanipun sami kapratelakakên kados ing ngandhap punika:

Radèn Ngabèi Rônggawarsita punika nalika sugêngipun dados abdi dalêm kaliwon kadipatèn anom, saha pujôngga agêng ing nagari Surakarta Hadiningrat, nalika dèrèng diwasa nama Bagus Burham, wêdalanipun ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 10 wanci jam 12 siyang, wulan Dulkaidah ing taun Be ôngka 1728: wuku Sungsang, Dewa Sri, WurukungWarukung. Uwas, môngsa Jita, windu Sangara. Putranipun pambajêng Mas Ngabèi Rônggawarsita, abdi dalêm panèwu carik kadipatèn anom.

--- 1 : 2 ---

Mas Ngabèi Rônggawarsita wau nalika mêdalipun ingkang putra Bagus Burham, taksih dados abdi dalêm jajar carik kadipatèn anom, nama Mas Pajangswara, kacariyos saking saening swaranipun, nanging lajêng katêlah nama Mas Pajangsora, putranipun pambajêng Radèn Tumênggung Sastranagara, abdi dalêm bupati kadipatèn anom, saha abdi dalêm pujôngga ing nagari Surakarta Adiningrat.

Radèn Tumênggung Sastranagara wau, kala samantên taksih dados abdi dalêm kaliwon kadipatèn anom, nama Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sarêng sasedanipun ingkang rama Mas Ngabèi Yasadipura (Tus Pajang) abdi dalêm kaliwon kadipatèn anom ugi pujôngga ing nagari Surakarta Adiningrat, Radèn Ngabèi Rônggawarsita wau lajêng kapatêdhan nama Radèn Ngabèi Yasadipura kaping II, Mas Pajangswara kakarsakakên dados abdi dalêm panèwu carik kadipatèn anom kaparingan nama Mas Ngabèi Rônggawarsita kaping II.

Sarêng Radèn Ngabèi Yasadipura kakarsakakên dados abdi dalêm bupati, kapatêdhan nama Radèn Tumênggung Sastranagara.

Ingkang ibu Radèn Ngabèi Rônggawarsita (Bagus Burham), nama Mas Ajêng Rônggawarsita, anakipun Mas Ngabèi Sudiradirja Gantang, ingkang amumpuni dhatêng sêkar Macapat lagon palaran,

--- 1 : 3 ---

saking sagêdipun dhatêng laguning têmbang saha saening swaranipun, nalika jamanipun Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IV, sabên dintên Sênèn Kêmis sabibaring wiyos dalêm sinewaka, Mas Ngabèi Sudiradirja Gantang wau kalêbêtakên dhatêng sêngkêran, lajêng kakèrèk, wontên ing jambu salèr pandhapa agêng, andikakakên maos lagon palaran.

Nalika mêdalipun Bagus Burham, ingkang êmbah buyut Kyai Ngabèi Yasadipura, têksih amênangi ngantos sawatawis taun laminipun, sarêng Kyai Ngabèi Yasadipura andungkap badhe seda, ingkang putra Radèn Ngabèi Rônggawarsita, Radèn Tumênggung Sastranagara, dipun paringi pangandika, bilih ingkang wayah Bagus Burham ing têmbe badhe dados pujôngga panutuping nagari Surakarta Adiningrat sarta misuwuring namanipun badhe langkung kalihan ingkang êmbah-êmbah, sanajan ingkang putra sampun botên kêkilapan bab punika, ewadene sinamun ing samudana angatingalakên karênaning panggalihpun.

Sarêng Bagus Burham sampun dipun pêgêng lajêng kaparingakên dhatêng Ki Tanujaya, abdi kêkasihipun Radèn Tumênggung Sastranagara, Ki Tanujaya wau dèrèng kawical sêpuh umuripun, ananging kalêbêt tiyatiyang. mugên sarta kawical tiyang linangkung, amargi sagêd sumêrêp dhatêng lêlêmbat, sarta sagêd andhatêngakên bangsaning lêlêmbat, [lê...]

--- 1 : 4 ---

[...lêmbat,] punapadene kalêbêt sugih japa môntra ingkang botên madal sumbi katatalanipun, namung wontên cacadipun dene kau bêbasanipun, ananging wicantênipun sakalangkung cucut.

Ki Tanujaya sakalangkung trêsnanipun dhatêng Bagus Burham, makatên ugi Bagus Burham, ugi trêsna sangêt dhatêng Ki Tanujaya, saking sami kandêling katrêsnanipun, rintên dalu sampun botên sagêd pisah, ngantos kasupèn dhatêng ingkang rama tuwin ingkang êmbah, ingkang rama sarta ingkang êmbah pancèn inggih pitados yêktos dhatêng Ki Tanujaya, namung kadhingkala bilih ingkang êmbah nuju kangên ingkang wayah lajêng dipun timbali kadhawuhan ngadhêp, manawi sampun wontên ngarsanipun ingkang êmbah lajêng dipun beda sarta dipun garapi,parabi. baurêksa kêdhung Kol, mila dipun parabi makatên, kacariyos Bagus Burham wau kapêndhêt putra kalihan ingkang ambaurêksa kêdhung Kol, dene ingkang ambaurêksa kêdhukêdhung. Kol wau kalihan Ki Tanujaya sampun têpang sae, malah botên namung têpang sae kemawon, ananging Ki Tanujaya panganggêpipun anggusti.

Radèn Tumênggung Sastranagara sasampunipun gêgujêngan kalihan ingkang wayah, lajêng andangu bilih Ki Tanujaya nuju wontên griya punika punapa sambènipun. Aturipun ingkang wayah punapa kawontênanipun ingkang dipun sumêrêpi, kaaturakên sadaya, malah lajêng matur sampun nate dipun jak dhatêng salêbêting kêdhung [kê...]

--- 1 : 5 ---

[...dhung] Kol, sowan putri ayu ingkang dalêmipun sakalangkung sae, saha lajêng ngaturakên anggèning kapêndhêt putra dhatêng putri ayu wau, tuwin sampun nate katilar wontên ngriku ngantos sawatawis dintên, ingkang êmbah amidhangêtakên ingkang wayah wau andadosakên sukaning panggalihipun, ing batos ngalêmbana dhatêng kalangkunganipun Ki Tanujaya, sarta amêmuji kalis ing sambekala dhatêng ingkang wayah.

Sarêng Bagus Burham andungkap yuswa 12 taun, kaparêngipun ingkang êmbah badhe kapuruhitakakên ngaji dhumatêng Panaraga, kapasrahakên dhatêng Kangjêng Kyai Imam Bêsari ing Gêbang Tinatar, Kangjêng Kyai Imam Bêsari wau, mantu dalêm sampeyan dalêm ingkang sinuhun kaping 4 saha sadhèrèk tunggil puruhitan kalihan Radèn Tumênggung Sastranagara. Ki Tanujaya lajêng dipun tinbalitimbali. sarta dipun paringi sumêrêp bilih ingkang wayah badhe kapuruhitakakên ngaji dhumatêng Panaraga. Ki Tanujaya ugi kadhawuhan ngêtutakên lêstari dados pamongipun, samôngsa sampun dumugi ing Panaraga Ki Tanujaya sampun ngantos pisah kalihan ingkang wayah, sarta punapa sapanêdhanipun ingkang pantês dipun pituruti, dipun sukanana, sampun ngantos kirang sênêng manahipun supados sagêd kraos sampun ngantos mulat tèngèng. Ki Tanujaya aturipun sandika, enggalipun lajêng mirantos sadaya ingkang badhe dipun angge sangu, sarta ingkang badhe [ba...]

--- 1 : 6 ---

[...dhe] kangge angsal-angsal dhatêng Kangjêng Kyai Imam Bêsari, sarêng sampun mirantos Bagus Burham lajêng kadhawuhan mangkat, ingkang dipun dhawuhi ngaturakên ingkang rama piyambak, kaparingan kanthi ingkang rama alit nama Mas Ngabèi Awijaya, sadaya sami kadhawuhan numpak kapal, ingkang êmbah amaringi sangu yatra kathahipun gangsal atus reyal, katampèkakên dhatêng Ki Tanujaya.

Botên kacariyosakên wontênipun ing margi, sarêng sampun dumugi ing Panaraga Mas Ngabèi Rônggawarsita lajêng sowan Kangjêng Kyai Imam Bêsari, ngaturakên sêratipun ingkang rama Radèn Tumênggung Sastranagara, sasampunipun sêrat dipun tampèni lajêng sami dipun paringi pasugata sawontênipun, sarêng sampun sami angrahabi paringipun sugata Kangjêng Kyai Imam Bêsari, sadaya sami kadhawuhan ngaso dhatêng pondhokan.

Mas Ngabèi Rônggawarsita akalihan ingkang rayi, wontên ing Panaraga namung nyipêng kalih dalu, lajêng nyuwun wangsul dhatêng ing nagari Surakarta, kapal tumpakanipun Bagus Burham sarta tumpakanipun Ki Tanujaya kalih pisan sami dipun tilar, amila Ki Tanujaya, kapêksa ngingah tênggan kapurih angopèni kapalipun kalih iji wau.

Kangjêng Kyai Imam Bêsari punika pancèn sampun misuwur dados pangangsoning kawruh kitab Kuran ingkang sampun dipun anggêp sampurna dening para luhur Jawi jaman kina, botên ngamungakên anaking [a...]

--- 1 : 7 ---

[...naking] para panèwu mantri kemawon ingkang sami kasuwunakên piwulang dhatêng Kangjêng Kyai Imam Bêsari, dalah putraning para gusti saha para luhur manawi badhe ngudi sampurnaning pamaosipun kitab Kuran, ugi sami kapuruhitakakên dhatêng kangjêng kyai, dados Bagus Burham anggèning kapuruhitakakên ingkang êmbah dhatêng Kangjêng Kyai Imam Bêsari wau, kala samantên pancên sampun nama anêtêpi jaman.

Adat ingkang sampun kalampahan sabên Kangjêng Kyai Imam Bêsari anampèni murid enggal, sadaya muridipun lami sami dipun kalêmpakakên, prêlu dipun têpangakèn dhatêng murid enggal ingkang nêmbe dhatêng wau, sarta dipun sumêrêpakên akrap-akrapaning bêbasan, dados tanduking bêbasanipun para murid dhatêng kancanipun, namung kantun anglampahi dhawuhipun Kangjêng Kyai Imam Bêsari kemawon, sarta lajêng sami kaparingan nêdha sêsarêngan wontên ngarsanipun kangjêng kyai, sabibaring nêdha lajêng sami kadhawuhan maos kitab utawi Kuran, miturut punapa kasagêdanipun piyambak-piyambak.

Pangintênipun Kangjêng Kyai Imam Bêsari, Bagus Burham kagalih sampun sagêd maos Kuran saha kitab-kitab, dene punika wayah buyutipun pujôngga ingkang sampun kasusra asmanipun, mila lajêng dipun taros dhumatêng kangjêng kyai, Bagus Burham ingkang dipun rêmêni maos kitab punapa Kuran, aturipun Bagus Burham [Burha...]

--- 1 : 8 ---

[...m] dèrèng sagêd ngungêlakên, wangsulan makatên punika kagalih saking rikuh tuwin saking kasujananipun kemawon, paribasan kangge warana ing kasagêdanipun, ing wêgdal punika Ki Tanujaya ugi tumut ngadhêp wontên ngajêngan, lajêng matur ing kangjêng kyai, mêngggah aturipun Bagus Burham punika wau pancèn lêrês dèrèng sagêd sayêktos, sampun ingkang maos kitab saha Kuran ingkang nama alip bengkong kemawon dèrèng mangrêtos babar pisan. Amargi nalika wontên nagari Surakarta kalêbêt dipun ugung dening ingkang êmbah, aluwung kadhawuhana ngabên jangkrik punapa ngabên kêmiri punika ragi kathah mangrêtosipun, Ki Tanujaya punika sampun kacariyos kau bêbasanipun, nanging manawi wicantên gadhah cucut sarta anggumujêngakên, kabêkta saking cucutipun, nalika Ki Tanujaya matur dhatêng Kangjêng Kyai wau sami dipun gêgujêng dening para ingkang wontên ngarsanipun kangjêng kyai, anggèning sami anggêgujêng wau botên saking anggêgujêng Bagus Burham, sami anggêgujêng cucutipun Ki Tanujaya anggènipun matur kangjêng kyai, sêling sêrêpipun Bagus Burham, ingkang sami dipun gêgujêng wau kamanah piyambakipun, saking lingsêming manahipun, sanalika lajêng nangis magêp-magêp, Kangjêng Kyai Imam Bêsari lajêng dhawuh dhatêng Ki Tanujaya, Bagus Burham kadhawuhan bêkta mantuk dhatêng pondhokan, samôngsa manahipun sampun pundhuh kemawon badhe kaparingan piwulang ingkang gampil-gampil rumiyin.

--- 1 : 9 ---

Ki Tanujaya ing batos ragi lingsêm manahipun, lingsêmipun wau dene botên nyana bilih ing Panaraga wau sabên rare ingkang umuripun sarta agêngipun sami kalihan Bagus Burham, naracak sampun sami sagêd maos kitab Kuran, namung Bagus Burham piyambak ingkang taksih kuciwa dèrèng sagêd barang-barang, ewadene inggih angrumaosi mênggah kuciwanipun Bagus Burham wau kabêkta saking pangugungipun wiwit alit mila, ananging sinamuning sêmu ngantos botên katawis bilih lingsêm ing dalêm manahipun, wusana Bagus Burham lajêng dipun ajak mundur dhatêng pondhokan, sadumugining pondhokan dipun pituturi kalayan têmbung aris sarta dipun sêrêp-sêrêpakên, ingkang sami dipun gêgujêng sadaya wau dede piyambakipun, mila benjing enjing manawi kasowanakên ngaji bilih wontên tiyang gumujêng sampun sêling sêrêp malih, sampun ingkang botên anggêgujêng dhumatêng piyambakipun, sanajan dipun gêgujênga pisan, punapadene dipun erang-eranga anggèning dèrèng sagêd dipun purih kèndêl kemawon, watêking tiyang ngalah punika bilih dipun antêpi trusing lair batos badhe malik dados mênang. Bagus Burham inggih mituhu dhatêng pituturipun Ki Tanujaya wau.

Saking kathahipun para rare ingkang sami puruhita dhatêng Kangjêng Kyai Imam Bêsari, pamulangipun kanjeng kyai ngantos botên cêkap dipun sarirani piyambak, dene ingkang kawulang dening kangjêng [kang...]

--- 1 : 10 ---

[...jêng] kyai wau, namung para murid ingkang sampun kawical kathah kasagêdanipun, inggih wontên satunggal kalih murid ingkang dèrèng sagêd dipun paringi piwulang dening kangjêng kyai piyambak, nanging punika putraning para luhur tuwin para gusti ingkang kalêbêt dados panggalihipun, sanès-sanèsipun ingkang sami dèrèng sagêd sami kadhawuhan mulang para santana kemawon.

Sarêng Bagus Burham anggèning wontên Panaraga sampun andungkap kalih wulan laminipun, kalihan para kancanipun sampun sami pundhuh sadaya, malah wontên ingkang supêkêt kados sadhèrèk tunggil yayah rena, salêbêtipun sawulan dumugi kalih wulan wau sabên ênjing sontên botên nate kèndêl anggènipun sinau, nanging sadaya ingkang sampun dipun wulangakên botên wontên ingkang kacanthèl sekêdhik-kêdhika, paribasan sabên ngadêg sampun kêsupèn ngantos andadosakên kakêning manahipun ingkang mulang.

Sabibaring ngaji ing wanci ênjing, para kancanipun sami dipun ajak dhatêng lèpèn angupados ulam, manawi lèpènipun nuju alit, pangupadosipun ulam ngantos kaplantrang sadintên muput sawêg mantuk, sadumuginipun ing pondhokan ulamipun lajêng kaolah, manawi sakintên kantun anggènipun ngaji kancanipun ingkang sami ngaji dipun wêling kapurih mamitakên sêngadi sakit badanipun, manawi kangjêng kyai nuju anjênêngi mulang inggih,

--- 1 : 11 ---

asring utusan andangu punapa ingkang dipun sakitakên, mênggah pandangunipun kangjêng kyai dhatêng Bagus Burham wau, têmênipun namung kagêm tata krami kemawon, ananging sajatosipun sampun uninga bilih Bagus Burham punika botên majêng dhatêng ngaji, ingkang dipun sênêngi namung kasênêngan ingkang mawi waragad amborosi, sanajan ing batos pancèn botên rêna dhatêng sadaya ingkang dipun lampahi Bagus Burham, saupami botên ngèngêti dhatêng ingkang êmbah ingkang sampun dados sadhèrèk tunggil guru kalihan kangjêng kyai, sagêd ugi dipun antukakên dhatêng Surakarta, ewadene manawi taksih dipun lajêng-lajêngakên, inggih mêsthi badhe kaantukakên dhatêng Surakarta, prêlunipun sampun ngantos anênulari dhatêng kônca-kancanipun, sarêng saya dangu botên wontên indhaking kasagêdanipun, Ki Tanujaya lajêng dipun timbali dhatêng ngarsanipun Kangjêng Kyai Imam Bêsari, sarêng sampun sowan, dipun paringi pangandika: kadhawuhan anyêrêp-nyêrêpakên dhatêng Bagus Burham, supados tumêmên anggènipun ngaji, manawi Bagus Burham botên tumuntên sagêd, kangjêng kyai lingsêm sangêt, sarta dipun paribasakakên, kacang tinggal lanjaran, aturipun Ki Tanujaya sêndika. Saunduripun Ki Tanujaya saking ngarsanipun kangjêng kyai, sasagêd-sagêd inggih mituturi dhatêng Bagus Burham, kapurih angèstokakên dhawuhipun kangjêng kyai ingkang dhumatêng piyambakipun, Bagus Burham inggih anyagahi, ananging

--- 1 : 12 ---

saya lami malah tambah-tambah kasênênganing manahipun ingkang ambêborosi, ingkang sawau bênthik, bengkat, tor, malah sapunika lajêng rêmên gimêr, kêplèk, kècèk, nganggur-angguripun ombag bèji tuwin lumah kurêp.

Sarêng sampun antawisipun sataun, sangunipun Ki Tanujaya sampun nipis, malah kapalipun kalih pisan sampun sami dipun sade, yatra pêpajênganipun ugi sampun kangge bêtah sarta kangge nguja kêkajênganipun Bagus Burham wau, badhe nyuwun kintunan arta dhatêng Surakarta namung tansah pakèwêd manahipun, sapisan botên wontên ingkang dipun kèngkèn, kaping kalih dèrèng mèmpêr bilih sangunipun yatra dumugi sapunika sampun têlas, môngka manawi dipun garap kalayan pangatos-atos, yatra gangsal atus reyal makatên manawi namung kangge kabêtahanipun tiyang kalih kemawon, salêbêtipun kalih taun mêsthi dèrèng têlas, môngka punika sawêg angsal sataun langkung sakêdhik, sangunipun sampun nipis, kapalipun kalih pisan sampun dipun sade, mila Ki Tanujaya manawi angraosakên momonganipun sakalangkung rudatosing manahipun, langkung malih manawi nyumêrêpi lêlampahaning awakipun anggèning botên angsal manah Kangjêng Kyai Imam Bêsari, saya susah sangêt manahipun, amila sasagêd-sagêd kajawi namung badhe angêndhak kêkajênganing momonganipun ingkang kirang prêlu, sarta ingkang

--- 1 : 13 ---

anukulakên dhatêng maksiyatan, sarêng sangunipun kantun sadasa reyal, lajêng wontên utusanipun Radèn Tumênggung Sastranagara dhatêng Kangjêng Kyai Imam Bêsari, angaturakên angsal-angsal warni warni, wêdalan ing nagari Surakarta, sarta nyuwun kabar kawontênanipun ingkang wayah ingkang kasuwunakên barkah Kangjêng Kyai Imam Bêsari, punapa sampun kathah kasagêdanipun, sarêng sêratipun Radèn Tumênggung Sastranagara sampun dipun tampèni Kangjêng Kyai Imam Bêsari, sarta sampun dipun waos, utusanipun radèn tumênggung wau lajêng ngaso dhatêng pondhokan, sadumuginipun ing pondhokan lajêng kêpanggih Bagus Burham kalihan Ki Tanujaya, amaringakên angsal-angsal kintunan saking ingkang rama sarta ingkang êmbah, punapa dene maringakên kintunan yatra dhatêng Ki Tanujaya kathahipun kalih atus reyal, sarta andangu kadospundi kawontênanipun Bagus Burham wontên ing Panaraga, kraos punapa botên, tuwin anggènipun ngaji punapa sampun kathah kasagêdanipun, Ki Tanujaya sakalangkung pakèwêd manahipun, badhe ngaturakên punapa wontênipun rumaos manawi angsal dêduka saking ingkang êmbah radèn tumênggung, badhe dipun alingi kuwatos manawi kangjêng kyai amadulakên punapa kawontênanipun, pêpuntoning manah inggih prasaja punapa ingkang dipun lampahi Bagus Burham sabên dintên, sakalih-kalihipunkalih-kalihipun (dan di tempat lain). sami kawêdal pangunguning manahipun.

--- 1 : 14 ---

Sanès dintên Kangjêng Kyai Imam Bêsari amangsuli sêratipun Radèn Tumênggung Sastranagara, amratelakakên punapa kawontênanipun Bagus Burham anggènipun sinau wontên ing Panaraga, sarta botên kasupèn panacadipun dhatêng Ki Tanujaya anggèning sangêt pangugungipun dhatêng Bagus Burham, amila prayoginipun Ki Tanujaya aluwung dipun timbalana dhatêng Surakarta kemawon, sokur sampun tega botên kaparingan pamomong bilih taksih kêdah dipun paringi pamomong kaparingana lintu sanèsipun Ki Tanujaya.

Sawangsuling utusanipun Radèn Tumênggung Sastranagara, sarêng sampun dumugi nagari Surakarta sêrat wangsulan saking Kangjêng Imam Bêsari lajêng dipun caosakên Radèn Tumênggung Sastranagara, sarêng sêrat sampun kawaos andadosakên pangunguning panggalihipun.

Bagus Burham anggènipun sinau sampun langkung sataun, môngka limrahipun sadaya rare ingkang sami sinau sabên samantên laminipun, sampun mêsthi sagêd maos kitab Kuran, apêsipun sampun katam rambah kalih, utawi kaping tiga, môngka manawi Bagus Burham sampun ingkang maos dhatêng kitab Kuran, dhatêng turutan kemawon dèrèng katam, amila supados sampun ngantos kaparan tutuh, kangjêng kyai mundhut panimbang dhatêng para guru sadaya, kadospundi anggèning nyatiyari, sagêdipun mituhu kados rare sanès-sanèsipun, [sanès-sa...]

--- 1 : 15 ---

[...nèsipun,] aturipun para guru wau, sarèhning wontênipun kados makatên wau kabêkta saking pangugungipun Ki Tanujaya, amila sêtiyaripun botên wontên malih kajawi namung kapisahakên kalihan Ki Tanujaya, amargi manawi taksih dipun êmong dening Ki Tanujaya, salaminipun botên wande namung dados rare ugungan kemawon, ananging Kangjêng Kyai Imam Bêsari botên wêntala ngesahakên dhatêng Ki Tanujaya bilih botên mawi jalaran sabab ingkang prêlu, makatên malih bab punika, sarèhning sampun kapratelakakên dhatêng ingkang êmbah sagêd ugi sanès dintên Ki Tanujaya lajêng dipun timbali dhatêng nagari Surakarta.

Salêbêtipun Bagus Burham wontên ing Panaraga, pangêmongipun Ki Tanujaya rumaosing manahipun inggih sampun anêtêpi punapa pawêlingipun ingkang êmbah ingkang kadhawuhakên dhatêng Ki Tanujaya piyambak, sadaya panêdhanipun sampun ngantos dipun sulayani, kadhawuhan amituruti kemawon, môngka wontênipun ing sapunika sami dipun lêpatakên, punika pancên dede lêpatipun Ki Tanujaya, ewadene manawi wontên ingkang dumuk kalêpatanipun Ki Tanujaya, punika inggih botên badhe angatingalakên lêrêsipun, malah lairipun angrumaosi, kêthuling manahipun Bagus Burham sarta anggènipun rêmên dhatêng kasênêngan ingkang ambêborosi dhatêng wêdaling yatra, punika inggih saking piyambakipun, dene [de...]

--- 1 : 16 ---

[...ne] botên wêntala anyrèngêni dhatêng Bagus Burham, nanging ing batos satêmênipun ngiras kangge nyobi dhatêng kodratipun Bagus Burham, kadospundi kadadosanipun ing têmbe, punapa sagêd cocog kalihan pamêcanipun para linangkung ingkang sampun dipun mirêngakên, kados punika kosok wangsul kalihan karsanipun Kangjêng Kyai Imam Bêsari, môngka rintên dalu botên kèndêl-kèndêl anggèning angraosakên dhatêng Bagus Burham, dene salaminipun dèrèng nate mriksa rare bêlêr sarta nakal kados punika, malah ingkang sampun kalampahan sabên wontên rare nakal kados punapa, manawi sampun kacaosakên dhatêng kangjêng kyai, ingkang sampun kalampahan nakalipun lajêng ical, têmahan lajêng andadosakên kabingahaning tiyang sêpuhipun, beda kalihan Bagus Burham punika, mindhak dintên mindhak bêlêripun, mindhak wulan mindhak nakalipun, dalah kasênênganipun kemawon inggih mindhak, kangjêng kyai ngantos rumaos kewran panggalihipun, dadakaning panggalihan lajêng andhawuhakên dhatêng para murid-muridipun sadaya kadhawuhan jothak dhatêng Bagus Burham, manawi wontên ingkang aruh-aruh agêngipun angêmpali, badhe dipun paringi pidana ingkang langkung awrat, ewadene manawi Bagus Burham sampun katingal sae sarta sampun mituhu anggènipun ngaji, lajêng kadhawuhan wawuh malih, nanging sampun ngantos wawuh piyambak bilih dèrèng dipun dhawuhi dening kangjêng [kang...]

--- 1 : 17 ---

[...jêng] kyai, aturipun sadaya rare sami sêndika sêdya badhe angèstokakên, sarta lajêng kalampahan sami anjothak dhatêng Bagus Burham, namung putranipun Bupati Samarata piyambak ingkang botên angèstokakên, taksih wanuh kalihan Bagus Burham, nanging rare-rare sami ajrih ngaturakên dhatêng kangjêng kyai, amargi putranipun Bupati Samarata wau wontên ing Panaraga kajèn keringan piyambak, dados rare-rare wau inggih sami ajrih dhatêng piyambakipun, wantuning rare wêgdal wau Bagus Burham inggih radi kêndhak sawatawis, saking botên wontên ingkang dipun ajak dolanan kados sabênipun, amila lajêng mêmpên wontên ing pondhokan kemawon, malah lajêng kamidilêpên ajrih ngaji dhatêng ngajêngan, sanadyan punika prakawis rèmèh, prêlunipun namung kangge ngapokakên Bagus Burham, Ki Tanujaya inggih sampun mangrêtos bilih bab punika namung kangge ngapokakên kemawon, nanging bilih anyumêrepi aliting manahipun Bagus Burham, langkung malih manawi angraosakên anggèning kamidilêpên lajêng ajrih botên purun ngaji, punika manahipun katingal wêlas sangêt, amila lajêng badhe damêl rekadaya kawêlèhipun para rare-rare ingkang sami anjothak dhatêng Bagus Burham wau, sagêda sami ngajak wanuh piyambak botên saking dhawuhipun kangjêng kyai, gêlaripun anaros dhatêng putranipun ingkang Bupati Samarata, punapa [puna...]

--- 1 : 18 ---

[...pa] sariranipun kapengin badhe sumêrêp dhatêng lêlêmbat ing Panaraga ngriki, manawi kaparêng Ki Tanujaya sagah badhe nyumêrêpakên, nanging mawi kajanji sampun ngantos kawuningan kalihan kangjêng kyai, wicantênipun Ki Tanujaya makatên wau dipun sêngaja wontên ngajêngipun para rare-rare kathah, pamrihipun supados sami kapengina, ingkang putra Bupati Samarata sakalangkung bingah ing manahipun, lajêng daya-daya tumuntêna dipun sumêrêpakên, sanalika ugi lajêng dipun sumêrêpakên.

Patrapipun anyumêrêpakên dhatêng lêlêmbat wau mawi sarana githokipun ingkang dipun sumêrêpakên mawi dipun usap kaping tiga, sanalika lajêng sumêrêp wêwêrnèn warni-warni ingkang wujudipun sami dèrèng nate sumêrêp, wontên ingkang wujud sato kewan, wontên ingkang wujud tiyang namung kantun rongkongan saha balung kemawon, wontên ugi ingkang taksih wêtah wujud tiyang lugu, sadaya wau rumaosipun ingkang sami dipun sumêrêpakên, rikating lampahipun kados ibêring pêksi, wêwêrnèn ingkang sami dipun sumêrêpi wau saking cariyosipun Ki Tanujaya inggih punika jiwaning manungsa ingkang sampun abadan alus, limrahipun dipun wastani amarayang, wantuning rare badhe sumêrêp wêwêrnèn ingkang dèrèng nate sarawungan, sanalika lajêng ngêbyuk sadaya nêdha wawuh dhatêng Bagus Burham, sarta lajêng nêdha supados sami dipun sumêrêpakên, sadaya ugi lajêng [la...]

--- 1 : 19 ---

[...jêng] sami dipun sumêrêpakên, kawontênanipun sami kalihan ingkang sampun dipun sumêrêpi putranipun Bupati Samarata, rare-rare sami agumyak-gumyak nglairakên kasênênganing manahipun, nanging ugi wontên ingkang ajrih utawi gila, dene ingkang ajrih utawi gila wau ulatipun katingal pucêt, badanipun sami asrêp sarta andharêdhêg, dene manawi badhe anyirnakakên wawêrnèn wau, githokipun inggih ugi dipun usap malih, nalika rare-rare wau sawêg sami kasumêrêpakên sapisan kaping kalih, taksih radi wani-wani angas, wontên ingkang kirig-kirig sêmu kamigilan, nanging sarêng sampun kulina sabên dintên dipun sumêrêpakên, lajêng botên wontên ingkang sami kamigilan utawi ajrih, malah lajêng tuman sabên dintên nêdha dipun sumêrêpakên.

Kalangkunganipun Ki Tanujaya ingkang makatên wau, botên ngêmungakên rare-rare kemawon ingkang rêmên sumêrêp wujuding lêlêmbat, dalah tiyang sêpuh ugi kathah ingkang sami rêmên aningali, wiwit punika rare-rare lajêng botên wontên ingkang sami anjothak dhatêng Bagus Burham, sadaya lajêng pulih malih sami rukun kados ingkang sampun, malah sami angatingalakên ajrihipun, amila Bagus Burham lajêng rumaos badhe kadumugèn malih kasênênganipun kados ingkang sampun kalampahan.

Tular-tumularing pawartos, kalangkunganipun Ki Tanujaya kasêbut [ka...]

--- 1 : 20 ---

[...sêbut] nginggil wau, dangu-dangu kamirêngan Kangjêng Kyai Imam Bêsari, ingkang lajêng thukul dêdukanipun dhatêng Ki Tanujaya, kagalih ananêm wiji ngèlmu singkir dhatêng muridipun, tuwin dhatêng tiyang sanèsipun, karsanipun kangjêng kyai bab punika manawi botên tumuntên dipun sirêp, sagêd ugi anggêgêmpal piyandêling para rare dhatêng kangjêng kyai, sanalika Ki Tanujaya lajêng kadhawuhan sowan dhatêng ngarsanipun kangjêng kyai, sarêng sampun sowan, botên mawi pandangon malih, Ki Tanujaya lajêng dipun dukani akathah-kathah, sarta kaundhamana bab kawontênanipun Bagus Burham anggèning kêthul, budhêng, bodho, rêmên ngabotohan, punika botên liya saking pandamêlipun Ki Tanujaya piyambak. Dalah rare-rare sanès-sanèsipun badhe dipun tuntuni ingkang botên lêrês, saking sangêding dêduka sadaya ingkang sami wontên ngarsanipun kangjêng kyai, sami katingal gêtêr manahipun, amargi salaminipun kangjêng kyai botên nate angêdalakên dêduka ingkang kados makatên santêripun, langkung malih Bagus Burham, saking ajrihipun saupami dipun irisa botên mêdal êrahipun, wasana Ki Tanujaya lajêng dipun dhawuhi kesah saking Panaraga, dene Bagus Burham kadhawuhan nilar badhe botên kirang ingkang kadhawuhan angopèni. Ki Tanujaya botên sagêd angendhani dêdukanipun kangjêng kyai dhatêng awakipun, amargi dêdukanipun kangjêng kyai mapan sangêt dhatêng pangêlèsing [pangêlè...]

--- 1 : 21 ---

[...sing] kalêpatanipun, sagêdipun Ki Tanujaya namung ngaturakên pêjah gêsang tuwin nyuwun pangapuntên, mugi lêstantuna ngêtutakên momonganipun, ing wingking badhe dipun èngêt-èngêt badhe botên anglampahi makatên malih, tuwin badhe angèstokakên sadaya dhawuhipun kangjêng kyai, punapa dene sagah angêrêngi dhatêng Bagus Burham, ewadene wêgdalwêkdal (dan di tempat lain). wau kangjêng kyai botên kengguh dhatêng panalangsanipun Ki Tanujaya ingkang kathah-kathah, kêdah botên Ki Tanujaya namung kadhawuhan mantuk dhatêng nagari Surakarta, amila aturipun Ki Tanujaya namung sandika, sarta lajeng mundur dhumatêng ing pondhokan.

Sadumuginipun ing pondhokan Ki Tanujaya sakalangkung susah manahipun sarta lajêng angrumaosi ing kalêpatanipun ingkang sampun dipun lampahi sadaya, ananging sarèhning dukanipun kangjêng kyai sampun botên kenging dipun sêtiyari lilihing panggalihipun, pêpuntoning manahipun namung sumendhe dhatêng ingkang damêl gêsang, nanging sarèhning Ki Tanujaya sampun kalajêng botên sagêd pisah kalihan Bagus Burham, tekading manahipun dhatênga ing pundi-pundi inggih badhe kabêkta.

Ngajêngakên wisan damêl rare-rare ingkang sami ngaji dhatêng masjid sampun sami bibaran, sadumugining pondhokan sami anjujug prênahing panggenanipun piyambak-piyambak. Bagus Burham inggih anjujug pêrnahing panggenanipun piyambak, ingkang lajêng [la...]

--- 1 : 22 ---

[...jêng] angrungkêbi pangkonipun Ki Tanujaya kalihan angatingalakên prihatosing manahipun, saking sami sangêting prihatosipun, sakalih-kalihipun sami akaca-kaca, punapa dene rare-rare ingkang sami trêsna dhatêng Ki Tanujaya sami pating dharèpèl angatingalakên prihatosing manahipun manawi Ki Tanujaya saèstu kalampahan kesah badhe botên wontên ingkang dipun angge sêpuh-sêpuh wontên ing pondhokan, rumaos sampun botên wontên ingkang dipun angge andêl-andêl.

Ki Tanujaya anggagas kadospundi sakecanipun ingkang badhe dipun lampahi, punapa mantuk dhatêng Surakarta punapa têrus kesah suwita dhatêng Kadhiri, pangudaraosing manahipun pating salêbar dèrèng wontên ingkang dipun antêpi, sarêng sampun wancinipun rare-rare sami nêdha, Bagus Burham lajêng dipun ajak kesah Ki Tanujaya, prêlunipun anyingkiri saking wêgdal wau Ki Tanujaya botên sagêd abêbêthak tuwin olah-olah, jalaran saking sawêg angraosakên susahing manahipun, ngantos sagêd kasupèn dhatêng prêlunipun ingkang dipun tindakakên sabên dintên, ingkang matênmakatên. wau katôndha saking kandêl sangêt susahing manahipun, sadumugining jawi Bagus Burham lajêng dipun jajakakên sêkul ulam satuwukipun, sarêng sampun dumugi anggènipun nêdha, lajêng dipun ajak wangsul dhatêng pondhokan malih.

--- 1 : 23 ---

Wiwit jam gangsal sontên rare-rare sampun sami adus dhatêng lèpèn, sabibaring adus lajêng sami dandan, sarampungipun lajêng têrus dhatêng mêsjid badhe sêmbahyang mahrib, sadumuginipun ing mêsjid lajêng sami pêpujian ngiras ngêntosi rawuhipun kangjêng kyai, wêgdal wau namung Bagus Burham piyambak ingkang botên tumut dhatêng masjid, saking ngandhut kuwatos bilih lajêng dipun tilar kesah kalihan Ki Tanujaya, sarêng rare-rare sampun têlas sami dhatêng mêsjid sadaya, Bagus Burham lajêng dipun pituturi, badhe dipun aturakên kangjêng pangeran adipati ing Kadhiri, wangsulanipun Bagus Burham namung manut punapa sakajêngipun Ki Tanujaya, sarêng sampun dumugi anggènipun mituturi, Bagus Burham dipun purih lumêbêt dhatêng mêsjid, nanging dipun wêling sampun ngantos baribin kalihan para kancanipun, manawi ngantos kadêngangan mindhak botên prayogi, Bagus Burham inggih lajêng amiturut dhatêng mêsjid, sadumuginipun ing masjid kalêrêsan wêgdal wau kangjêng kyai dèrèng rawuh, mila lajêng momor kancanipun tumut pêpujian kados sabênipun.

Sarêng srêngenge sampun sêrap, dilah ing mêsjid sampun sami dipun sumêdi sadaya, botên watawis dangu kangjêng kyai lajêng rawuh, anjujug ing paimananpaimaman (dan di tempat lain). kados ingkang sampun kalampahan, sabakdanipun sêmbahyang Mahrib, rare-rare lajêng sami andumugèkakên ngaji ngantos jam sanga sontên, sabibaripun ngaji lajêng sami ngaso dhatêng pondhokanipun piyambak-piyambak, [piyambak-pi...]

--- 1 : 24 ---

[...yambak,] sadumuginipun pondhokan lajêng sami nêdha punapa sawontênipun, ingkang kasêmbadan panêdhanipun inggih sae, ingkang botên kasêmbadan inggih namung sawontênipun kemawon dene ingkang botên gadhah cawisan babar pisan lajêng katêksakapêksa (dan di tempat lain). sami amapan tilêm, tarkadhang lajêng sami dolanan punapa sasênêngipun kangge anylamur luwening padharanipun.

Caranipun rare kawulangakên ngaji wontên ing pondhok Panaraga, sandhang têdha sapirantosipun, sami ambêkta piyambak, botên dados têtanggêlaning gurunipun, manawi rare-rare wau anaking para priyantun sarta putraning para luhur tuwin anaking para hartawan, ingkang kathah sami dipun bêktani pamomong dening tiyang sêpuhipun, manawi anaking tiyang alit ingkang botên kasêmbadan, kawontênanipun sami amêmêlas, amargi satêlasing pambêktanipun sangu, lajêng sami katêksa angupados sandhang têdha piyambak-piyambak, manawi rare sampun umur gangsal wêlas utawi wolulas taun, wontênipun ing ngrika ragi botên mêmêlas gêsangipun, dene sasêlanipun ngaji sampun sagêd nyambi bêbêrah utawi nyambut damêl sanès-sanèsipun, ingkang kathah lajêng sami nyantri, anggarap sabinipun tiyang sakiwa têngênipun ngriku, melikipun sagêd mêsthi têtêdhanipun sabên dintên, benjing mangsanipun panèn sami katumbasakên pangangge samurwatipun, wangsul ingkang sawêg umur

--- 1 : 25 ---

kalih wêlas taun mangandhap, punika saya sakalangkung anggènipun mêmêlas, manawi botên dipun pitulungi kancanipun ingkang sami kacêkapan, ingkang dipun têdha sabên dintênipun saking anggènipun pêpariman dhatêng ing padhusunan, saupami lêlampahan makatên punika sampuna sampun dados caranipun, pancèn inggih kirang prayogi dipun lampahi, sarêng sampun dados caranipun kala samantên inggih sami sakeca kemawon anggènipun anglampahi, malah kangge umuk-umukan kathahing angsal-angsalanipun. Inggih manawi rare wau sêpuhipun lajêng èngêt dhatêng lêlampahanipun kala alit, pangupadosipun kasagêdan kalayan anglampahi lara lapa, nanging manawi sêpuhipun lajêng kapatuh tuman dhatêng pêpariman, kados dene ingkang sami dipun sipati ing môngsa kala, punika dhatêng sawangan pancèn botên sae, mênggah ingkang makatên wau namung saking botên dipun manah panjang kemawon.

Amangsuli cariyosipun Ki Tanujaya anggènipun badhe kesah dhatêng Kêdhiri, wiwit sontên sampun anglêmpakakên barang-barangipun ingkang sakintên kuwawi kabêkta piyambak, sarêng sampun rampung pangrakitipun, lajeng ngaso dhatêng patilêman, sêdyanipun sêgêda ngaso tilêm sawatawis, nanging tansah kalisikan botên sagêd tilêm-tilêm, awit angraosakên badhe kadospundi kadadosaning lêlampahanipun, sarêng sampun [sampu...]

--- 1 : 26 ---

[...n] wanci sawung kaluruk, ing pondhokan ngriku sampun botên wontên sabawanipun tiyang mêlèk, Ki Tanujaya lajêng anggugah Bagus Burham, sarêng sampun tangi lajêng dipun ajak mangkat malampah dalu, Bagus Burham inggih botên mawi suwala, lajêng miturut kemawon, dene barangipun ingkang dipun bêkta, namung sangunipun yatrra kalihan sandhang panganggenipun, sanès-sanèsipun sadaya sampun sami dipun titipakên dhatêng pamomongipun putraning Bupati Samarata, lampahipun Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham daya-daya sagêda dumugi ingkang dados sêdyaning manahipun, sarêng sampun bangun enjing lampahipun dumugi watêsing bawah kitha Panaraga, namung ngaso sawatawis lajêng mangkat malih andumugèkakên lampahipun, sarêng sampun wanci wisan damêl ênèm (antawisipun jam 10) lajêng kèndêl wontên ing dhusun Mara, anjujug griyanipun tiyang nama Kasan Ngali, kamisêpuhipun ing dhusun Mara wau, kaprênah sadhèrèkipun misan kalihan Ki Tanujaya, kalêrêsan ing wêgdal wau Kasan Ngali sawêg dhatêng saking sabin, dèrèng ngantos anyèlèhakên paculipun, lajêng katungka dhatêngipun Ki Tanujaya ingkang sêmunipun anawung sungkawa, Kasan Ngali sarêng sumêrêp dhatêngipun Ki Tanujaya botên sarônta lajêng dipun plajêngi kalihan angatingalakên kabingahaning manahipun, sarêng sampun tundhuk lajêng sami rêrangkulan kados kupu tarung, sakalih-kalihipun sami nangis [na...]

--- 1 : 27 ---

[...ngis] anggêlolo, kados tiyang kasripahan, Bagus Burham botên pisah ambondhèti wontên sawingkingipun Ki Tanujaya kemawon, Bok Kasan Ngali ingkang sadangunipun sawêg bêbêthak wontên ing pawon, mirêng tangising semahipun anggèning bêbêthak lajêng dipun tilar, dipun kintên ingkang jalêr amanggih sabab ingkang anjalari kasangsaraning badanipun, sarêng mêdal sumêrêp ingkang jalêr sawêg arêrangkulan kalihan Ki Tanujaya, botên sarônta lajêng ambêngok tumut nangis kalara-lara, saking umyunging tangis ngantos dipun layat para tôngga têpalih, sarêng sampun rêrêm lajêng sami dipun ajak lumêbêt ing griya, sakalih-kalihipun sami anglairakên botên kanyanan bilih kapanggih sadhèrèkipun ingkang pisah sampun gangsal wêlas taun laminipun, sarêng sampun sami satata, Kasan Ngali marentah dhatêng rencangipun kapurih nuthuk kênthong angundangi anak-anakipun, botên antawis dangu anak-anakipun sami dhatêng sarimbitan kalihan semahipun, sanalika punika griyanipun Kasan Ngali katingal rêgêng kados tiyang gadhah damêl, tôngga têpalih ingkang pamirêngipun kantun lajêng sami anusul tumut anjagongi, Kasan Ngali marentah anakipun kapurih maragad maenda satunggal, dipun angge angauli dhatêngipun Ki Tanujaya, Kasan Ngali èstri tuwin para mantu-mantunipun, sami ribut anggèning olah-olah, labanipun tiyang botên kêkirangan, kasêmbuh sugih bala [ba...]

--- 1 : 28 ---

[...la] santana, botên ngantos pukul kalih wêlas pangolahipun sêkul ulam sampun rampung sadaya, Bok Kasan Ngali lajêng lumêbêt ing griya ngancani dhatêng Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham, sami dipun purih nêdha sawontênipun, sampun mawi èwêd pakèwêd, Kasan Ngali jalêr lajêng anumpangi ngacarakakên dhatêng tamunipun kaajak nêdha sêsarêngan kalihan para tôngga têpalihipun sadaya, panêdhanipun sami katingal rahab botên wontên ingkang gadhah pakèwêd, sarampunging panêdhanipun lajêng sami atêturuh piyambak-piyambak, sakantunipun lajêng sami kaundurakên dhatêng pawon, Kasan Ngali èstri angêdalakên pakinangan kalihan amanggul bantal, tamunipun kapurih lêson angasokakên badanipun supados lajêng sagêd ical sayahipun, tôngga têpalih ingkang tumut amanggihi lajêng sami bibaran, Kasan Ngali sarta Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham lajêng sami mapan tilêman, labêtipun sayah arip dèrèng patosa dangu sakalih-kalihipun lajêng sami tilêm kapati.

Saking arip tuwin sayahipun, Ki Tanujaya kalihan Bagus Burham anggènipun tilêm ngantos jam gangsal sontên dèrèng sami tangi, Bok Kasan Ngali pangruktinipun wedang panganan sampun rampung sadaya, lajêng katata wontên ing ambèn sacêlaking patilêmaning tamunipun, nanging wedangipun dèrèng sami dipun êlèri,

--- 1 : 29 ---

amargi tanginipun dèrèng tamtu, mangke kemawon samôngsa tamunipun sampun sami tangi wedangipun lajêng dipun êlèri, supados taksih angêt, dados pangombenipun karaos sêgêr.

Kasan Ngali kala wau inggih angrahabi tumut tilêm tunggil saambèn, nanging sarêng Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham sampun tilêm kapati Kasan Ngali lajêng tangi, prêlu angrigênakên badhe pisêgah ing tamunipun ingkang kaladosakên sontên punika mangke, sampun tunggil wêrni kalihan ingkang kaladosakên siyang punika wau, sarampungipun anggèning mituturi semahipun lajêng prentah dhatêng rencang-rencangipun, kapurih rêrêsik griya ngajêng, sakiwa têngêning griya, tuwin angisèni kolah, manawi sadhèrèkipun badhe adus sampun ngantos pados toya piyambak.

Sarêng ngajêngakên jam nênêm sontên Ki Tanujaya saha Bagus Burham sampun sami tangi, lajêng dipun purugi Kasan Ngali jalêr èstri kalihan ngatingalakên rêsêping manahipun, ingkang èstri lajêng angêlèri wedang kawan cangkir, ingkang kalih tamunipun, ingkang kalih Kasan Ngali piyambak jalêr èstri, tamunipun dipun acarani ngombe wedangipun mupung taksih angêt pacitanipun lajêng kaajêngakên, sarêng wedangipun sami kaombe, Ki Tanujaya kalihan Bagus Burham lajêng kairit dhatêng kolah, tiyang kalih

--- 1 : 30 ---

sami adus, salêbêtipun adus raosipun sakalangkung sêgêr, sayah aripipun sampun lajêng botên karaos babar pisan, sarampungipun adus sami dipun irit dhatêng griya malih, tiyang tiga lajêng sami sêmbahyang mahripmahrib. wontên ing ambèn ngriku kemawon, sabakdaning sêmbahyang andumugèkakên wedangan malih, kasambi aginêm lêlampahanipun wêgdal wontên Panaraga, Kasan Ngali botên pêgat anglairakên pangunguning manahipun, ingkang èstri kapurih angêdalakên pasugatanipun sêkul ulam, sarêng sampun rampung panatanipun, lajêng sami nêdha asêsarêngan, rahabing panêdhanipun ugi botên beda kalihan siyang punika wau, mila andadosakên bingahing manahipun Kasan Ngali jalêr èstri, dene pisêgahipun dipun rahabi trusing lair batos, sarampunging panêdhanipun, sadaya dipun purih nglorot rencangipun Kasan Ngali ingkang kapurih tugur wontên ing griya ngajêng, Ki Tanujaya taksih andumugèkakên lêlinggihan kalihan Kasan Ngali jalêr èstri, angrêmbag lêlampahanipun ingkang sakintên kamanah prayogi. Sarêng sampun jam kalih wêlas dalu lajêng sami ngaso tilêman.

Kasan Ngali punika sampun kacariyosakên dados kamisêpuhipun ing dhusun Mara, rèhipun tiyang sadaya sadhusun sami anglurah dhatêng Kasan Ngali sadaya, ingkang dados têdhanipun awarni sabin karya sadasa, kajawi sabin samantên wau kawênangakên anampèni [ana...]

--- 1 : 31 ---

[...mpèni] takêr têdhak saking ladosanipun tiyang sadasa dhusun wau sarêng panggenanipun angladosakên bau suku dhatêng kawadanan sabên sadasa dintên tiyang sadasa, ladosanipun yatra namung kawan dasa reyal ing dalêm sataun, ingkang jalêr panggaotanipun têtanèn ngiras anglampahakên padhukunan, ingkang èstri sade bêrasansadean bêras. wontên ing griya, kadhingkala asring nindakakên gêgramèn jêne sela, manawi wontên para priyantun tuwin para sanak sadhèrèk ingkang mêling barang mas intên, mila gêsangipun kalêbêt sakeca, griyanipun agêng-agêng sampun pêpak, maesanipun saamêt? maendanipun atusan, ayamipun sampun tanpa wicalan, lumbungipun manggèn sawetan gandhok ingkang wetan, pantunipun kêbak, pakaranganipun wiyar malumah, têtanêmanipun warni-warni, panatanipun sae, sawanganipun rêsik gumarining labêt kopèn sabên dintên, kabêkta saking wêkêlipun Kasan Ngali, dados rencang-rencangipun sami katularan wêkêl sadaya, sabên dintên tanpa kèndêl para tiyang ingkang sami nêdha pitulungan dhatêng Kasan Ngali, ingkang sampun kadumugèn sêdyanipun, sami angantuk-antuki ingkang dadosakên kasênênganing manahipun, mila sabobotipun kamisêpuh griya dalah pakaranganipun saisèn-isènipun sadaya, botên kawon kalihan dalêming priyantun wadana.

Ki Tanujaya sarta Bagus Burham anggèning kampir wontên ing

--- 1 : 32 ---

dhusun Mara sampun sawulan laminipun, pancèn sêdyaning manahipun inggih badhe botên dangu, malah sagêda lajêng daya-daya dumugia nagari Kadhiri, nanging sabên badhe mangkat lajêng dipun bondhèti dening Kasan Ngali jalêr èstri, sêngadinipun wêrni-wêrni kemawon, sarta tansah dipun sêmadosi dèrèng wontên wahyaning môngsa kala, kapurih angrêrêmakên wontên ing Mara kemawon rumiyin, benjing samôngsa sampun pinanggih ingkang prayogi dipun lampahi, Kasan Ngali sagah ngêtêrakên piyambak.

Gêntos ingkang kacariyos, sakesahipun Ki Tanujaya kalihan Bagus Burham saking pondhok Panaraga, enjingipun Bagus Burham badhe dipun jak kancanipun dhatêng lèpèn, dipun padosi dhatêng pundi-pundi botên pinanggih, ngantos dipun padosi dhatêng warung dhatêng panggenan ingkang adatipun dipun ambah sabên dintên mêksa botên wontên, môngka wadhahipun prabot saha wadhah pirantos sanès-sanèsipun, botên ewah taksih wêtah sadaya, sarêng tita dipun padosi dhatêng pundi-pundi botên wontên, rare-rare wau lajêng lapur dhatêng Kangjêng Kyai Imam Bêsari, kangjêng kyai sarêng midhangêtakên aturipun rare-rare wau karaos botên sakeca panggalihipun, sanalika lajêng têdhak dhatêng pondhokan, kaparêng aniti pariksa barang gadhahanipun Bagus Burham, sarêng kadhawuhamkadhawuhan. [kadha...]

--- 1 : 33 ---

[...wuham] bikak, isinipun sampun botên wontên sadaya, dados kantun wadhah kemawon, sarampungipun anggèning mariksa, lajêng dangu dhatêng salah satunggiling pamomong, punapa wontên ingkang dipun ajak raosan kalihan Ki Tanujaya, sarta punapa wontên ingkang sumêrêp mangkatipun, aturipun sami botên wontên ingkang dipun ajak raosan, utawi botên sumêrêp mangkatipun, kangjêng kyai ragi katingal kodhêng panggalihipun, wusana lajêng kondur dhatêng dalêmipun, sadumugining dalêm utusan abdi kadhawuhan animbali para guru sadaya, sarêng sampun sami sowan dipun pundhuti panimbang, kesahipun Ki Tanujaya kalihan Bagus Burham wau, saking pangintênipun mantuk dhatêng Surakarta punapa botên, aturipun para guru-guru wau awarni-warni, wontên ingkang ngintên mantuk dhatêng Surakarta, wontên ingkang ngintên botên, nanging saupami botên mantuk dhatêng Surakarta badhe lajêng dhatêng pundi purugipun, kaparêngipun kangjêng kyai supados botên kaparan tutuh badhe utusan dhatêng Surakarta, ngaturi uninga dhatêng Radèn Tumênggung Sastranagara, murih botên andadosakên panggalihipun, ingkang kautus gurunipun ingkang mulang Bagus Burham, prêlunipun kangge sêksi, manawi wontên pandangunipun radèn tumênggung, sagêd ngaturakên punapa kawontênanipun, kangjêng kyai lajêng damêl sêrat ingkang badhe kaaturakên RadanRadèn. Tumênggung Sastranagara, sarêng sêrat sampun [sa...]

--- 1 : 34 ---

[...mpun] dados lajêng kaparingakên dhatêng ingkang badhe kautus wau, enjingipun lajêng kadhawuhan mangkat.

Botên kacariyosakên wontênipun ing margi, utusanipun Kangjêng Kyai Imam Bêsari, sampun dumugi ing dalêm Sastranagaran, lajêng dipun panggihi Radèn Tumênggung Sastranagara, sasampunipun angaturakên rêrakêtaning sadhèrèkan, lajêng ngaturakên sêrat, sarêng sêrat sampun katampèn, lajêng kawaos dumugi satamatipun, satamating pamaosipun sêrat wau Radèn Tumênggung Sastranagara ragi kodhêng panggalihipun, utusanipun kangjêng kyai lajêng dipun dangu, kadospundi lêlampahanipun ingkang wayah utawi Ki Tanujaya wêgdal wontên Panaraga, ingkang kadangu inggih lajêng matur punapa kawontênanipun ingkang wayah Bagus Burham tuwin Ki Tanujaya ingkang sampun dipun sumêrêpi, sami kalapurakên sadaya, Mas Ngabèi Rônggawarsita lajêng dipun timbali ingkang rama Radèn Tumênggung Sastranagara, sarêng ingkang putra sampun sowan, lajêng dipun paringi sumêrêp sêratipun Kangjêng Kyai Imam Bêsari, sêrat wau sasampunipun dipun waos, ingkang putra nyuwun cumadhong dhawuh, mênggah kesahipun Ki Tanujaya wau punapa lajêng utusan madosi, punapa anyrantosakên dhatêngipun, wangsulanipun ingkang rama prayogi dipun padosi ingkang ngantos sagêd pinanggih, nanging bab punika kadhawuhan nyumpêt ingkang rapêt, sampun ngantos wara-wara [wara-wa...]

--- 1 : 35 ---

[...ra] dhatêng sanès-sanèsipun, manawi ngantos kamirêngan ingkang garwa saha ingkang putra mantu, mindhak kirang prayogi, utusanipun kangjêng kyai lajêng kadhawuhan ngaso rumiyin, sanès dintên badhe dipun paringi wangsulan, sarta lajêng dipun irit dhatêng ing pondhokan, Mas Ngabèi Rônggawarsita lajêng dipun dhawuhi ingkang rama, mênggah kesahipun Ki Tanujaya tuwin ingkang wayah, punika satêmênipun pancèn sawêg dipun angge lêlampahan kalihan ingkang damêl gêsang, benjing bilih sampun wancinipun inggih badhe sagêd pinanggih, dene pinanggihipun badhe wontên sakiwatêngênipun kitha Madiun kemawon, nanging lajêng wangsul dhatêng Panaraga malih, ewadene sarèhning tata krami punika kêdah botên dipun tilar, Radèn Tumênggung inggih badhe utusan madosi, sarêng sampun kalih dintên, utusanipun Kangjêng Kyai Imam Bêsari dipun timbali, sarêng sampun sowan lajêng dipun paringi dhawuh, paringipun sêrat kangjêng kyai sampun dipun tampèni piyambak, sakalangkung panuwunipun, ing mangke radèn tumênggung ngaturakên sêrat wangsulan katur Kangjêng Kyai Imam Bêsari, sêrat lajêng kaparingakên, kalihan kaparingan sarana sacêkapipun kangge sangu wontên ing margi, sarêng utusan wau sampun wangsul, Radèn Tumênggung Sastranagara lajêng animbali abdi panongsongipun nama Ki Jasana, sarêng sampun sowan, dipun paringi sumêrêp lêlampahanipun [lêlampahanipu...]

--- 1 : 36 ---

[...n] ingkang wayah wontên ing Panaraga, Ki Jasana sakalangkung pangunguning manahipun, amila lajêng nyuwun cumadhong dhawuh mênggah sakecanipun kadospundi, dhawuhipun Radèn Tumênggung Ki Jasana badhe kautus amadosi, nanging anggènipun amadosi anjujuga ing Madiun kemawon, manawi dèrèng sagêd pinanggih kadhawuhan anlatosi kemawon, dangu-dangu badhe sagêd pinanggih, aturipun sêndika, enjingipun lajêng kadhawuhan mangkat sarta dipun paringi waragading lampah sacêkapipun.

Amangsuli cariyosipun Ki Tanujaya kalihan Bagus Burham, sarêng sampun jangkêp salapan dintên anggènipun rêrêm wontên ing dhusun Mara, lajêng pamitan malih, kalihan Kasan Ngali jalêr èstri, benjing enjing badhe saèstu andumugèkakên lampah dhatêng ing nagari Kadhiri, Kasan Ngali jalêr èstri pancènipun taksih awrat dipun tilar kalihan kakangipun tuwin Bagus Burham wau, ananging sarèhning Ki Tanujaya sêmunipun kêncêng sampun botên kenging dipun êndhêg, Kasan Ngali jalêr èstri inggih namung sumarah punapa ingkang dados kêkêncênganipun Ki Tanujaya kemawon, namung manawi kacondhongan, Bagus Burham sampun ngantos dipun bêkta dhumatêng ing Kadhiri rumiyin, amargi sawêg dipun damêl lêlampahan kalihan ingkang damêl gêsang, dene petanganipun Kasan Ngali prayogi kèndêl wontên ing Madiun kemawon, bilih sampun anyondhongi pangetangipun Kasan Ngali wau, badhe kapadosakên [kapadosakê...]

--- 1 : 37 ---

[...n] pondhokan ingkang prayogi, sarta kadugi ngêtêrakên piyambak, Ki Tanujaya amirêngakên sêsorahipun Kasan Ngali ingkang makatên wau, kamanah-manah ragi wontên lêrêsipun, mila inggih lajêng amiturut punapa sakajêngipun, sarêng sampun matêng rêmbagipun, Kasan Ngali lajêng cariyos kalihan ingkang èstri, bilih Ki Tanujaya kalihan Bagus Burham badhe dipun titipakên dhatêng Manguncitra, ingkang èstri inggih sampun anyondhongi, enjingipun lajêng sami mangkat, sontênipun sampun dumugi ing Madiun, lajêng anjujug griyanipun Manguncitra, griyanipun wontên sawetan kabupatèn.

Manguncitra wau dados lurah pêkên ing kitha Madiun, kalêrês paripeanipun kalihan Kasan Ngali, umuripun sawêg antawisipun sèkêtan taun langkung sakêdhik, panggaotanipun anglampahakên arta dhatêng pêkên, manahipun kêras, watêkipun botên kenging corok-cinorok, dhatêng kawanuhan botên angêkul, nanging botên maèlu dhatêng tiyang botên gadhah, namung wulangipun sae, sabên tiyang dipun purih nyambut damêl supados angsal kauntungan ingkang sagêd langkung dipun têdha sadintênipun, amila Manguncitra gêsangipun kalêbêt mulya, griyanipun sampun pêpak sami gêbyok sadaya, kabêkta saking kacêkapanipun ngantos botên wontên tiyang ingkang dipun èrèpakên, ewadene manawi kalihan Kasan Ngali

--- 1 : 38 ---

têluk manahipun, amargi kawon samukawisipun, kawon sêpuh, kawon pintêr, kawon sugih, kawon pradhah, amila sarêng sumêrêp kakangipun dhatêng kalihan angirit tamu kêkalih, lajêng kusung-kusung dipun papagakên, tiyang tiga sami kalêbêtakên ing griya, sarêng sampun sami linggih lajêng kasêgah wedang panganan, dalunipun kasêgah sêkul, sabibaring nêdha Kasan Ngali lajêng amrasajakakên prêlunipun, pangajêng-ajêngipun Kasan Ngali, Manguncitra sagêda tampi kalayan dhanganing manahipun, Manguncitra inggih anyagahi panêdhanipun Kasan Ngali wau, sarta pancèn inggih kalêrêsan sangêt amargi griyanipun Manguncitra wau kapundhut dados pangrêrêmanipun Kangjêng Pangeran Adipati Cakradiningrat, manawi badhe sowan saha mêntas kondur saking Surakarta, têrkadhang kaparêng nyare, têrkadhang botên, manawi Ki Tanujaya saha Bagus Burham sowan dhatêng Kêdhiri, kaprayogèkakên angêntosi rawuhipun Kangjêng Pangeran Adipati kemawon, ing pangintên botên dangu kados lajêng tumuntên rawuh, amargi punika wulan Rêjêb sampun tanggal sêpuh, adatipun salêbêtipun wulan Siyam tanggal têngahan asring sampun rawuh ing griyanipun Mas Manguncitra, sarta tinimbang nganggur manawi Ki Tanujaya gadhah pawitan kapurih nyambut damêl sadean dhatêng pêkên, prêlunipun namung kangge nyalamur manah tuwin wontên pangajêng-ajêngipun bêbathèn sakêdhik kalih kêdhik, Ki Tanujaya [Tanu...]

--- 1 : 39 ---

[...jaya] anyagahi sarta bingah sangêt, sarêng sampun dalu lajêng sami ngaso tilêm.

Enjingipun Kasan Ngali pamitan kalihan Manguncitra, badhe wangsul dhatêng ing dhusun Mara, Manguncitra inggih anjurungi pamitipun Kasan Ngali sarta sagah badhe suka pitulungan dhatêng Ki Tanujaya sarta Bagus Burham, sarêng sampun bage-binage wilujêng lajêng pamitan dhatêng Ki Tanujaya kalihan Bagus Burham, tiyang kalih sami anguntapakên dumugi ing radinan agêng, Ki Tanujaya kalihan Bagus Burham lajêng wangsul dhatêng griyanipun Manguncitra malih, sarêng sampun wancinipun dhatêng pêkên, Manguncitra lajêng mangkat dhatêng pêkên, Ki Tanujaya kalihan Bagus Burham sami dipun purih tumut, sarêng tiyang tiga sampun dumugi ing pêkên, Ki Tanujaya dipun taros punapa kadugi angliyêr kalithikan taksih pêpak dêdaganganipun, amargi ingkang gadhah kesah dhatêng Tulungagung, mantukipun dèrèng têmtu, Manguncitra dipun pasrahi anyade samurwatipun, kadadosanipun kalithikan lajêng kaliyêr kalihan Ki Tanujaya, rêgi kawan dasa reyal agêng, sarêng arta sampun kapasrahakên dhatêng Manguncitra, soroging pêthi-pêthi lajêng kapasrahakên dhatêng Ki Tanujaya, dados nunggil dintên wau Ki Tanujaya kalihan Bagus Burham lajêng dados bakul kalithikan.

Ki Tanujaya kalihan Bagus Burham wontên ing Madiun sampun sawulan laminipun. Tiyang kalih sabên enjing sami mangkat [mang...]

--- 1 : 40 ---

[...kat] dhatêng pêkên, angêdalakên daganganipun kalithikan, sabên sampun wanci ngasar lajêng katutup kalêbêtakên dhatêng ing kothak, sabên dintên pêpajênganipun ragi lumayan, sawêg sawulan kemawon petangipun sampun angsal tirahan kathahipun sadasa reyal agêng, môngka dêdaganganipun kapetang taksih wêtah, amargi samôngsa sampun ngalêmpak kathah pêpajênganipun, lajêng kakilakakên dagangan malih ingkang sakintên sampun kalong tuwin sakintên lumampah dipun sade, mila saupami Ki Tanujaya botên angèngêti badhe kadospundi wusananing momonganipun, sagêd ugi lajêng kèrêm dados bakul kalithikan.

Manawi Ki Tanujaya sawêg eman èwêt gadhah prêlu ingkang kêdah dipun lampahi piyambak, ingkang kapurih têngga daganganipun Bagus Burham, manawi daganganipun ingkang têngga Bagus Burham, dèrèng nate sagêd pêpajêngan kathah, tarkadhatarkadhang. sadintên muput sampun nate botên angsal yatra, kabêkta saking watêkipun Bagus Burham ragi anèh, saupami wontên tiyang badhe tumbas, môngka patrap pratingkahipun tiyang ingkang badhe tumbas wau botên cocog kalihan Bagus Burham, sanadyan pangawisipun sampun langkung kalihan rêginipun, mêksa botên dipun sukakakên, kosok wangsulipun manawi ingkang badhe tumbas wau cocog kalihan manahipun Bagus Burham, barangipun rêgi srupiyah namung dipun [di...]

--- 1 : 41 ---

[...pun] sukakakên satangsul, langkung malih manawi kapanggih kawanuhanipun, botên susah mawi yatra sami kapurih milihi dêdaganganipun ingkang dipun sênêngi, namung dipun sukakakên kemawon, patrap ingkang makatên wau asring dipun srêngêni dhatêng Ki Tanujaya.

Anuju satunggiling dintên, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Cakradiningrat ing Kadhiri, badhe sowan dhumatêng ing Surakarta, adat ingkang sampun kalampahan mawi kadhèrèkakên garwa putra saha abdi sawatawis, ananging sakêdhikipun botên kirang saking sawidak ingkang sami andhèrèkakên, sarêng tindakipun sampun dumugi ing Madiun, lajêng rêrêm wontên ing griyanipun Manguncitra kados ingkang sampun kalampahan, Manguncitra lajêng agêlar-gêlari ing griyanipun kados adat, sarêng kangjêng pangeran adipati sampun lumêbêt ing griya, lajêng lênggah wontên ing palênggahan ingkang sampun dipun sudhiyakakên, para garwa putra saha para santana tuwin para abdi sampun sami lênggah utawi manggèn ing panggenanipun piyambak-piyambak, Manguncitra pangadhêpipun nunggil palinggihan kalihan kamisêpuhipun para abdi-abdi sarêng sampun rêrêm sawatawis, para putra santana ingkang taksih alit-alit, sami tindak dhatêng pêkên, kadhèrèkakên para êmbanipun saha para abdi sawatawis, sami jajan utawi têtumbas punapa ingkang sami kaparêngakên, kangjêng pangeran [pange...]

--- 1 : 42 ---

[...ran] adipati wontên griyanipun Manguncitra uninga kampuh parangrusak kalithik sumampir wontên sampiran pandhapa. Kadangu kampuh punika gadhahanipun sintên, unjukipun Manguncitra kêmulipun Bagus Burham, wasiyat paringipun Gusti Kangjêng Panêmbahan Buminata ing Surakarta, sarta lajêng angunjukakên sadaya lêlampahanipun Bagus Burham, ingkang dipun mirêngakên dening Manguncitra, kangjêng pangeran adipati sakalangkung pangunguning panggalihipun, amila lajêng dhawuh andikakakên nimbali Ki Tanujaya dhatêng pêkên, botên antawis dangu utusanipun kangjêng pangeran adipati sampun dhatêng, sampun ngirit Ki Tanujaya, sarêng Ki Tanujaya sumêrêp kangjêng pangeran adipati lajêng nangis anggalolo kados rare alit, kèngêtan katrêsnanipun kangjêng pangeran adipati dhatêng Ki Tanujaya, sarta sakalangkung bingahing manahipun, dene ingkang kaajap-ajap rintên dalu sampun rawuh, Ki Tanujaya lajêng kadhawuhan majêng wontên ngarsanipun kangjêng pangeran adipati, lajêng dipun dangu kadospundi mula bukanipun, Ki Tanujaya lajêng matur punapa kawontênipunkawontênanipun. kaaturakên sadaya, kangjêng pangeran adipati sakalangkung pangunguning panggalih lajêng paring dhawuh dhumatêng Ki Tanujaya, bab prakawis punika kangjêng pangeran adipati ingkang badhe paring pitulungan, mila benjing sakonduripun saking nagari Surakarta, Ki Tanujaya kalihan Bagus Burham badhe lajêng kabêkta dhumatêng ing nagari Kadhiri, sapunika [sapu...]

--- 1 : 43 ---

[...nika] kadhawuhan ngêntosi wontên ing ngriki kemawon rumiyin, sarta benjing sadumuginipun ing nagari Surakarta, kangjêng pangeran adipati sagah aparing uninga dhumatêng Radèn Tumênggung Sastranagara.

Sapêngkêripun Ki Tanujaya dipun timbali kangjêng pangeran adipati, ingkang dipun purih têngga dêdaganganipun namung Bagus Burham piyambak, para bandara putra santananipun kajêngkangjêng (dan di tempat lain). pangeran adipati ingkang sami tindak dhatêng pêkên wau sadumuginipun ing pêkên lajêng atêtumbas samukawis ingkang sami dipun sênêngi, putranipun putri kangjêng pangeran adipati, nama Radèn Ajêng Gombak, dipun gendhong êmbanipun nama Nyai Jayasêtra, dipun songsongi ijêm sèrèt dening abdi panongsongipun, sarta dipun iringakên para nyai satunggal, anakipun Nyai Jayasêtra wau, nama Bok Rara Marsiyêm, tindak dhatêng kalithikan ingkang dipun têngga Bagus Burham wau, amriksani dêdaganganipun Bagus Burham angangge supe sêsêr êmas paringipun ingkang êmbah Nyai Ajêng Sastranagara, dipun pariksani Radèn Ajêng Gombak, kagalih sêsêr kuningan, sarêng dipun caosakên lajêng dipun coba, kagêm ing panunggul têngên ragi logro sakêdhik, nanging sarêng dipun pijêt lajêng dados cêkapan, lajêng kadangu supe punika punapa inggih dipun sade, wangsulanipun inggih dipun sade, lajêng dipun awis kalih gobang kalihan Bok Rara Marsiyêm,

--- 1 : 44 ---

Bagus Burham botên anyauri, lajêng dipun awis Radèn Ajêng Gombak piyambak pitung dhuwit, wangsulanipun dèrèng suka, lajêng dipun indhaki dados suwang, sarêng dipun awis suwang lajêng dipun sukakakên, sarêng yatranipun sampun dipun paringi, Radèn Ajêng Gombak sapandhèrèkipun sadaya wangsul dhatêng pondhokan, sadumuginipun ing pondhokan lajêng munjuk ingkang rama, kalawau wontên pêkên tumbas supe sêsêr, sadasa dhuwit sêsêripun dipun pariksani ingkang rama, sawêg dipun tampèni, kemawon ingkang rama sampun kagèt, amargi bobotipun sanès boboting kuningan, sarêng dipun pariksani yêktos jêne angunir bosok, ingkang putra dipun dangu sintên ingkang dipun tumbasi, Nyai Jayasêtra munjuk, ingkang dipun tumbasi jaka alit ingkang sade kalithikan wontên pêkên, sarta supe punika wau taksih dipun angge kalihan ingkang gadhah, sarêng dipun pariksani Radèn Ajêng, lajêng dipun caosakên, sapisan dipun awis pun Marsiyêm kalih gobang, pun Marsiyêm botên dipun sauri, sarêng dipun indhaki Radèn Ajêng Gombak dados suwang, dipun caosakên, sarêng sampun têlas aturipun Nyai Jayasêtra, kangjêng pangeran adipati salêbêting panggalih wontên ingkang karaos, nanginanging. sinamun ing pangandika gêgujêngan, ingkang putra dipun pacokakên rare kalithikan, sarta lajêng dipun parabi radèn ajêng kalithikan, ingkang putra botên [bo...]

--- 1 : 45 ---

[...tên] kadugi ing panggalih lajêng kesah alontro-lontro, ingkang rama suka panggalihipun (Radèn Ajêng Gombak wau sarêng sampun diwasa kadhaupakên kalihan Bagus Burham lajêng nama Radèn Ayu Pujangganom, karan Pajanganom, antawis sataun Bok Rara Marsiyêm lajêng kasuwun kalihan Mas Pujangganom, minôngka dados rencangipun, lajêng dipun salini nama Mas Ajêng Pujadewata, ngantos umur 93 taun, ugi asring andongèngakên bab punika), dene dhaupipun Radèn Ajêng Gombak kalihan Bagus Burham sarta nyêliripun Bagus Burham dhatêng Rara Marsiyêm, cariyosipun ingkang panjang manggèn urutipun sêrat babad punika (ngantos patutan kalih wêlas, tilar dunya sawêg nalika taun Alip 1811.

Ki Tanujaya dipun dangu kangjêng pangeran adipati, punapa sampun sumêrêp rare ingkang dipun pundhuti supe dening ingkang putra punika wau, unjukipun Ki Tanujaya inggih sampun sumêrêp, punika Bagus Burham namanipun, sarta lajêng ngaturakên sêsorah supe wau wasiyat paringipun ingkang êmbah Nyai Ajêng Sastranagara, wontênipun kaparingakên kangge mêsiyat, jalaran ing ngajêng agêmipun Pangeran Manyura, dados kalêrês ingkang êmbah kalihan Radèn Tumênggung Sastranagara, petangipun tumimbal kaping gangsal dhawah Bagus Burham punika, anggènipun maringakên dhatêng Bagus Burham, nalika badhe mangkat dhatêng [dha...]

--- 1 : 46 ---

[...têng] Panaraga, dhawuhipun nyai ajêng lowung kangge jampi kasupèn, mila supe wau wujudipun sampun tipis, pangandikanipun kangjêng pangeran adipati, botên wontên bedanipun dipun angge Bagus Burham kalihan dipun angge Radèn Ajêng Gombak, dene Bagus Burham badhe dipun paringi lintu sami supe kemawon, unjukipun Ki Tanujaya botên wontên pakèwêdipun, kajêng pangeran adipati lajêng angasokakên sarira dhumatêng ing pasareyan, Ki Tanujaya kadhawuhan amêtêki, dèrèng sapintêna dangunipun anggèning amêtêki, kangjêng pangeran adipati sampun kalajêng sare, Ki Tanujaya lajêng mandhap saking pasareyan, mêdal dhatêng ing pandhapa, ambagèkakên sanak sadhèrèkipun ing Kadhiri ingkang sami andhèrèk, saking sampun sami kulinanipun, tandukipun lajêng rakêt-rumakêt garap-ginarapan, nanging Ki Tanujaya tansah kandhap dening kathahipun ingkang sami anggarapi, tujunipun Ki Tanujaya mênang cucut, dados ingkang sami anggarapi malah lajêng kawêlèh wêlèh, saupami wêgdal wau sampuna kangjêng pangeran adipati sawêg sare, ramenipun sagêd ugi ngawonakên tiyang ngabên sawung, Ki Tanujaya saking bingahing manahipun ngantos kasupèn dhatêng Bagus Burham ingkang dipun tilar anêngga dêdagananipun wontên ing pêkên.

Sarêng sampun wanci ngasar ing gêdhong beya anggoyang gêntha kangge [kang...]

--- 1 : 47 ---

[...ge] tôndha bilih ing wêktu wau panjagining pêkên sampun sami bibaran, sarêng tiyang sêsadean sampun mirêng ungêling gêntha wau, lajêng sami angukuti dêdaganganipun, suwaranipun pating garobyag saking sampun ngantos kantun kalihan kancanipun (amargi pranatanipun ing kitha Madiun, kala samantên ingkang jumênêng bupati Kangjêng Pangeran Rôngga Prawiradirja, tiyang sêsadean wontên ing pêkên kitha, kukut dipun watêsi botên kenging langkung saking jam satêngah sakawan, manawi wontên ingkang bikak dhasar ngantos langkung saking jam sakawan dèrèng kukut, môngka wontên sabab ingkang ngantos anjalari kapitunan, manawi kadadosakên prakawis botên dipun adili, samantên wau kajawi ingkang sami sêsadean ambikak warung wontên èrêping griyanipun piyambak), namung Bagus Burham piyambak ingkang andongong nêngga dêdaganganipun, amargi badhe tiru-tiru ngukuti botên sagêd, ngêntosi Ki Tanujaya botên dhatêng-dhatêng, saking kakêning manahipun lajêng dipun tilar mantuk kemawon, sadumugining pondhokan, ing latar tuwin ing pandhapa sami dipun angge lêlinggihan dening para priyantun kathah, punika dipun kintên bilih Manguncitra badhe gadhah prêlu kondangan, sarêng dipun tingali botên wontên ambênganipun, Bagus Burham ragi judhêg anggènipun angraosakên, nanging sarêng sumêrêp Ki Tanujaya tumut anjagongi, manahipun lajêng ayêm, Ki Tanujaya ing batos ragi ngalêm dhatêng [dha...]

--- 1 : 48 ---

[...têng] Bagus Burham, dene sapunika sampun kenging dipun pitados angukuti dêdagangan.

Kèndêl jam pitu sontên kangjêng pangeran adipati sawêg wungu sare, lajêng miyos lênggah ing pandhapa, para santana saha para abdi-abdi sami ngadhêp sadaya, kangjêng pangeran adipati andangu dhumatêng Ki Tanujaya badhe uninga dhumatêng Bagus Burham, sapunika sampun sapintên agêngipun, Bagus Burham lajêng dipun sowanakên, kangjêng pangeran adipati angandika dhatêng Bagus Burham, saupami kadhawuhan dhèrèk dhatêng Kadhiri punapa purun, aturipun sêndika, kangjêng pangeran adipati animbali ingkang putra Radèn Ajêng Gombak, kadhawuhan nyuwun yatra dhumathêng ingkaingkang. ibu kathahipun kalih dasa reyal, sarêng sampun dipun paringi lajêng kacaosakên ingkang rama, sarêng sampun dipun pariksani Radèn Ajêng Gombak kadhawuhan maringakên dhatêng Bagus Burham, para bandara timur punika asring kapatuh ngêcakakên basa adalêm tuwin ngaras, Radèn Ajêng Gombak anggènipun maringakên yatra dhatêng Bagus Burham, sarêng yatra sampun dipun tampèni lajêng ngaras, sanalika sami dipun gêgujêng para santana saha para abdi-abdi sadaya, ingkang rama ugi tumut anggêgujêng, saking ramenipun bandara radèn ayu ngantos mêdal, Radèn Ajêng Gombak saking lingsêmipun, amalajêng kalihan muwun, amargi panggalihipun sampun kisèn kala wau siyang dipun pacokakên kalihan ingkang rama, sasampuning yatra [ya...]

--- 1 : 49 ---

[...tra] dipun tampèni lajêng kasukakakên Ki Tanujaya, para abdi sami anggarapi dhatêng Ki Tanujaya, wontên ingkang mujur, wontên ingkang nantang pèi, sawênèh wontên ingkang anggarap, saupami momonganipun jangkêp gangsal ragi lumayan, Ki Tanujaya amangsuli kalihan anggembol yatranipun, punika kemawon sampun angsal maesa sarakit, saupami jangkêp gangsal momongan harak badhe angsal abru satunggal, sanalika lajêng sami gumujêng gêr-gêran, kangjêng pangeran adipati inggih suka panggalihipun (kala samantên parikanipun tiyang bangwetan sabên ngumpamèkakên barang agêng sarta samukawis ingkang langkung sami dipun paribasakakên, abru), sawêg rame-ramenipun gêgujêngan, wontên utusanipun Kangjêng Pangeran Rôngga Prawiradirja, ingkang jumênêng bupati ing Madiun Kangjêng Ratu Madurêtna, maringakên pisêgah sêkul ulam tuwin panganan kathahipun kalih wêlas jodhang, kangjêng pangeran adipati aturipun nuwun, ingkang dipun utus lajêng dipun paringi sinjang kalihan udhêng, ingkang sami ngrêmbat kaparingan pasangon yatra kalih wêlas reyal, utusanipun Kangjêng Pangeran Rôngga lajêng nyuwun pamit wangsul, amargi sampun sumêrêp adatipun sabên maringakên pisêgah wangsuling wadhahipun manawi sampun dipun dhahar, kangjêng pangeran adipati taksih andumugèkakên lêlênggahan ngantos jam sadasa dalu sawêg lumêbêt ing dalêm lajêng lênggah dhahar. Ingkang

--- 1 : 50 ---

andhèrèk dhahar namung ingkang garwa kalihan para putra tuwin priyantunipun, sarêng sampun dumugi anggènipun dhahar, bandara radèn ayu dipun dhawuhi ingkang raka, kadhawuhan maringi lorodan dhatêng Bagus Burham sarta Ki Tanujaya, tuwin Manguncitra ugi kadhawuhan maringi piyambak, satuwukipun katêdha saanak bojo, sadaya sampun sami katatakakên, sakantunipun lajêng kalorodakên dhumatêng sadaya para abdi, ingkang tampi paringan saha ingkang tampi lorodan lajêng sami nêdha satuwukipun, sabibaring nêdha lajêng sami ngaso tilêm dhatêng panggenanipun piyambak-piyambak.

Enjingipun kangjêng pangeran adipati lajêng bidhal dhatêng Surakarta, para garwa putra sarta santana tuwin para abdi-abdi, sami kêbut andhèrèkakên sadaya, Bagus Burham, Ki Tanujaya sarta Manguncitra, ugi sami andhèrèkakên ngantos sawatawis têbih.

Sawangsulipun saking andhèrèkakên, tiyang tiga lajêng sami anjujug dhatêng pêkên, sarêng sampun dumugi ing pêkên, kados punapa kagèting manahipun Ki Tanujaya, dene dêdaganganipun taksih pating klêdhèr botên sami dipun kukuti, Ki Tanujaya lajêng pitakèn dhatêng Bagus Burham, punapa kala wingi dèrèng dipun kukuti, wangsulanipun kala wingi badhe tumut-tumut angukuti botên sagêd, ngêntosi dhatêngipun Ki Tanujaya

--- 1 : 51 ---

botên dhatêng-dhatêng, saking kakêning manahipun sarta kasêlak ajrih botên wontên rencangipun, amila lajêng katilar mantuk kemawon, Ki Tanujaya ing batos angrumaosi kalêpatanipun, sarêng dipun satitèkakên dêdaganganipun taksih jangkêp botên wontên ingkang cicir, kancanipun sêsadean sami anggêgujêng dhatêng Ki Tanujaya.

Amangsuli tindakipun kangjêng pangeran adipati wau, sarêng sampun dumugi ing nagari Surakarta, lajêng rêrêm wontên ing dalêm pondhokanipun ing dhusun Mêsèn, prênahipun salèr wetan kitha Surakarta, para prayagung bupati môncanagari ingkang asisih wetan, tiga sakawan ugi sampun wontên ingkang rawuh ing pondhokanipun piyambak-piyambak, mila ing dhusun Mêsèn wau katêlah nama ing dhusun Mondhokan, saking kagêm pondhokanipun prayagung bupati môncanagari, sarta namanipun ugi kabêkta saking ingkang kagungan pondhokan piyambak-piyambak, kados ta ing Têpasanan ing Jayèngratan, tuwin ing Jayèngranan sapanunggilanipun, sadèrèngipun kangjêng pangeran adipati sowan malêbêt, asring sowan martuwi dhatêng dalêmipun ingkang rama tuwin ingkang rayi-rayi para bandara kangjêng pangeran, ingkang dados panujuning panggalihipun, ingkang dipun prêlokakên rumiyin piyambak sowan ingkang rama Gusti Kangjêng Panêmbahan Buminata, amargi sariranipun kapundhut putra wiwit timur mila,

--- 1 : 52 ---

ananging kaparêngipun ing panggalih, wêgdal wau ingkang dipun rumayinakênrumiyinakên. badhe tuwi ingkang paman Radèn Tumênggung Sastranagara, kajawi tuwi kawilujêngan, badhe paring pawartos kawontênanipun Bagus Burham.

Tindakipun kangjêng pangeran adipati sarêng dumugi ing Sastranagaran, andadosakên cingaking panggalihipun Radèn Tumênggung Sastranagara, dene tindakipun botên mawi paring dhawuh rumiyin, sasampunipun sami lêlênggahan saha bage-binage ing kasugêngan, kangjêng pangeran adipati lajêng paring uninga anggènipun mêntas kapanggih kalihan Bagus Burham tuwin Ki Tanujaya, sarta anglairakên anggèning kagungan karsa badhe paring pitulungan dhatêng Bagus Burham, aturipun Radèn Tumênggung Sastranagara sakalangkung panuwunipun, mugi kasêmbadana ingkang dados pangèsthining panggalih, sarta lajêng gêntos angaturakên lampahanipun Bagus Burham, saking Kangjêng Kyai Imam Bêsari, punapa dene anggènipun sampun utusan Ki Jasana dumugi sapunika dèrèng wontên wasananipun, prayagung sakalihan sami anglairakên pangunguning panggalih, wasana sami dipun pêpuji wilujêng ing lêlampahanipun, sarêng sampun sawatawis dangu, kangjêng pangeran adipati lajêng kondur dhumatêng ing pondhokan, Radèn Tumênggung Sastranagara andhèrèkakên dumugi sajawining regol. Sapêngkêripun kangjêng pangeran adipati, Radèn Tumênggung Sastranagara [Sastrana...]

--- 1 : 53 ---

[...gara] lajêng animbali ingkang putra Mas Ngabèi Rônggawarsita, amargi botên tunggil dalêm kalihan ingkang rama, dalêmipun ingkang rama wontên salêbêting Baluwarti, abên ajêng kalihan dalêm ing Buminatan, griyanipun Mas Ngabèi Rônggawarsita wontên ing kampung Pasarkliwon, sarêng sampun sowan lajêng dipun paringi uninga, punika wau mêntas katamuan Kangjêng Pangeran Adipati Cakradiningrat ing Kadhiri, pangandikanipun Ki Tanujaya kalihan Bagus Burham sapunika wontên ing kitha Madiun mondhok ing griyanipun tiyang nama Manguncitra, lajêng ngêndikakakên lêlampahanipun ingkang wayah wiwit kesahipun saking Panaraga ngantos dumuginipun ing kitha Madiun, punapa dene anggènipun badhe dhatêng ing kitha Kadhiri.

Sarêng Mas Ngabèi Rônggawarsita amidhangêt pangandikanipun ingkang rama raosing panggalih kados cinublês ing êri, botên nyana dene lêlampahanipun ingkang putra wontên ing purug tansah kalunta-lunta, ketang katrêsnanipun dhatêng putra, wasana lajêng kumêmbêng akaca-kaca, Radèn Tumênggung Sastranagara tansah angrêrapu sungkawaning panggalihipun ingkang putra Mas Ngabèi Rônggawarsita, kadhawuhan pitados pangrêksanipun ingkang damêl gêsang dhumatêng ingkang putra Bagus Burham, sajatosipun, anggènipun Bagus Burham mawi dipun paringi pamomong Ki Tanujaya, punika namung manjing tata krami kemawon, sapintên pangrêksanipun [pangrêksa...]

--- 1 : 54 ---

[...nipun] Ki Tanujaya dhatêng Bagus Burham, dèrèng paja-paja nyamèni pangrêksanipun ingkang adamêl gêsang, ewadene kangge ngecani manahipun ingkang putra ing sasagêd-sagêd ingkang rama têmtu angrêrencangi mugi tumuntêna wontên wêwênganing Pangeran dhumatêng ingkang wayah, sagêda têtêp kodratipun ingkang wayah kados ingkang sampun dipun uningani kalayan gaibing Pangeran, namung ragi wontên pangunguning panggalih sawatawis, inggih punika anggènipun utusan Ki Jasana, sampun langkung kalih wulan punika têka dèrèng wontên kabaripun, pangudaraosing panggalih punapa lajêng têrus dhatêng ing kitha Kadhiri, punapa manggih sabab wontên ing margi, manawi têrusa dhumatêng ing Kadhiri, punika nama botên ngèstokakên dhawuhipun, saupami manggih sabab wontên ing margi têka botên wontên kabaripun punapa-punapa, wasana lajêng kumambang dhumatêng ingkang adamêl gêsang.

Wiwit punika Radèn Tumênggung Sastranagara lajêng anglampahi botên nate sare dhumawah? Manawi karaos badhe sare namung mlampah-mlampah kemawon, katawisipun bilih sampun wungu lajêng asêgu-sêgu? Mas Ngabèi Rônggawarsita kadhawuhan anglampahi sampun tilêm kauban wangon, ingkang putra ugi angèstokakên.

Gêntos ingkang kacariyos, Ki Jasana anggènipun kautus dhumateng ing kitha Madiun amadosi Bagus Burham tuwin Ki Tanujaya, [Tanu...]

--- 1 : 55 ---

[...jaya,] ngantos dipun lampahi anjajah dhusun amilangkori, parandosipun botên sagêd pinanggih, ijab pangraos sabên tiyang dipun pitakèni, ewadene namung angsal wangsulan botên sumêrêp, Ki Jasana ngantos judhêg tuwin kodhêng manahipun, malah wontên kaelokanipun, salêbêtipun Ki Jasana wontên ing Madiun, sabên dintên malêbêt utawi angubêngi pêkên Madiun saha dhumatêng panggenan ingkang sakinten pantês dipun ambah, ananging inggih mêksa botên sagêd pinanggih, ing môngka wêgdal Ki Jasana wontên Madiun wau, Bagus Burham tuwin Ki Tanujaya, taksih salêbêtipun dados bakul kalithikan, sakalih-kalihipun têka botên sagêd sumêrêp, punika ingkang nama kaelokaning Pangeran, sapunika namung kantun amadosi dhatêng dalêmipun para priyantun tuwin dalêmipun para luhur ambokmanawi saking kapèpètipun lajêng katêksa anglampahi suwita wontên ing ngriku, ananging ingkang makatên wau botên gampil, amargi ing atasing pitakèn dhatêng para priyantun minggahipun dhatêng para luhur, kêdah mawi tata krami tuwin botên tilar dugi prayogi, têrkadhang adating para priyantun langkung malih para luhur, mawi pandangon ingkang sakalangkung tlêsih sangêt, têmahan dados kapanjang-panjang, tiwas namung badhe angicalakên wêgdal kemawon, mila bab punika supados rêmitipun Ki Jasana lajêng nekat dados tiyang ambarang ura-ura,

--- 1 : 56 ---

ingkang katuju namung dhatêng dalêmipun para priyantun tuwin dhatêng dalêmipun para luhur kemawon, ciptaning manahipun, bokmanawi wontên ing ngriku têmtu lajêng sagêd pinanggih kalayan gampil, ananging tiwas dipun lampahi dados tiyang ambarang ura-ura, ewadene ingggih mêksa botên sagêd pinanggih, sarêng sampun têtela botên wontên wusananipun, pêpuntoning manah namung badhe mantuk dhatêng Surakarta, dipun angkah mangkat benjing enjing wanci bangun enjing, Ki Jasana wontên ing pondhokan tansah mêrêm mêlik botên sagêd tilêm, ingkang dipun gagas badhe kadospundi aturipun, dene tiyang sêpuh kautus ing bandara sampun kalih wulan mantuk ngalênthung, sarêng sampun jam kalih dalu Ki Jasana karaos ngantuk, sanadyan sampun dipun slamur-slamur, mêksa botên kenging dipun sayuti, saking sangêting aripipun, lajêng tilêm wontên salêbêting salamuran, dèrèng sapintêna danguning anggènipun tilêm, Ki Jasana supêna dipun panggihi Kyai Ngabèi Yasadipura, dipun dhawuhi sampun ngantos mantuk rumiyin, anggènipun madosi Bagus Burham tuwin Ki Tanujaya, sawatawis dintên malih badhe sagêd pinanggih, sarta manawi sampun sagêd pinanggih, Ki Jasana kadhawuhan amituhu punapa sakajêngipun Ki Tanujaya kemawon, Ki Jasana sawêg matur sapunika pamanggènipun wayah jêngandika wontên ing pundi, dèrèng ngantos dipun paringi pangandika Ki Jasana kasêlak lajêng nglilir, tanginipun [tanginipu...]

--- 1 : 57 ---

[...n] kalayan garagapan, sarêng sampun rêrêm manahipun, supênanipun lajêng èngêt wêwentehan, dipun gagas-gagas têka elok sayêktos, Ki Jasana pancèn amituhu dhatêng supênan, mila sarêng supêna kados makatên wau lajêng botên saèstu mantuk dhatêng Surakarta.

Amangsuli Kangjêng Pangeran Adipati Cakradiningrat ing Kadhiri, nalika dèrèng jumênêng pangeran, asmanipun Radèn Mas Arya Puspadiningrat, santana dalêm riya nginggil putranipun kangjêng gusti pangeran adipati angabèi, putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping III ing Surakarta, patutan saking garwa radèn ayu adipati angabèi, sasurutipun ingkang rama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi, lajêng kakêrsakakên dados pangeran santana, kapatêdhan nama Kangjêng Pangeran Arya Têpasana, sajumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IV abdi dalêm Bupati Kadhiri Radèn Mas Tumênggung Puspakusuma, kakarsakakên dados abdi dalêm bupati lurah kaparak kiwa, ingkang kakarsakakên anggêntosi dados abdi dalêm Bupati Kadhiri, Kangjêng Pangeran Arya Têpasana, kapatêdhan santun nama Kangjêng Pangeran Adipati Arya Cakradiningrat. Sarêng ing kitha Kadhiri kaparingakên ing kangjêng guprêmèn mandar Kangjêng Pangeran Adipati Cakradiningrat wau

--- 1 : 58 ---

kaparêngipun kangjêng guprêmèn, kakarsakakên dados lurahipun para bupati môncanagari ing bangwetan, ewadene sabên tanggal sapisan wulan Sawal, kangjêng pangeran adipati kaprêlokakên sangêt angabêkti ing sampeyan dalêm, saha lajêng angabêkti dhumatêng ingkang rama-rama para kangjêng pangeran ing Surakarta, sarampunging prêlu lajêng kondur dhumatêng ing kitha Kadhiri, makatên salamènipun, dilalah anyarêngi wontên sabab ingkang prêlu, sowanipun dhatêng ing Surakarta wêgdal wau, dèrèng ngantos dumugi tanggal sapisan wulan Sawal, lajêng katungka wontên utusanipun ingkang rayi Radèn Mas Arya Ranèngrat, pêpatih ing kitha Kadhiri, angaturi uninga ingkang raka, bilih ing rêdi Pêgat bawah kitha Tulungagung, wontên kraman arêraton, jêjuluk Prabu Jatikusuma, wadyabalanipun sampun kathah sangêt, sarêng kangjêng pangeran adipati sampun dumugi pamaosing sêratipun, ingkang rayi wau, sanalika lajêng sowan dhumatêng ingkang rama Gusti Panêmbahan Buminata, ingkang garwa saha para putra ingkang sami andhèrèk dhumatêng ing Surakarta, sami kacaosakên titip wontên ing Buminatan sadaya, amargi kangjêng pangeran adipati badhe lajêng kondur dhumatêng ing kitha Kadhiri kalayan lêlancaran, denerdene. prêlunipun sampun dipun aturakên wuninga ingkang rama sadaya, sarta canthèl unjuk manawi wontên pandangu dalêm sampeyan dalêm kasumanggakakên [kasumanggaka...]

--- 1 : 59 ---

[...kên] ingkang rama Gusti Panêmbahan, sasampunipun têlas aturipun lajêng nyuwun pamit bidhalan, tindakipun agêgancangan daya-daya dumugia ing kitha Kadhiri, dene kangsènipun dhatêng Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham, sampun botên kagalih babar pisan, kajawi kasupèn, ambokmanawi kagalih badhe angrêribêti lampah, sadumuginipun ing kitha Kadhiri lajêng animbali ingkang rayi Radèn Mas Arya Ranèngrat, kadangu punapa kawontênanipun, unjukipun ingkang rayi botên pae kalihan ingkang sampun kaaturakên uninga, ingkang rayi lajêng kadhawuhan anata prajurit ingkang sami badhe kadhawuhan andhèrèk angrabasèng mêngsah, sampun kathah-kathah, nanging kapilihana sampun ngantos wontên ingkang anguciwani, ingkang rayi matur sandika, sarêng pangrakiting para prajurit sampun rampung, sanès dintên kangjêng pangeran adipati lajêng bidhal dhumatêng ing kitha Tulungagung, sarêng sampun rêrêm sawatawis, lajêng sowan ingkang raka Radèn Mas Adipati Arya Jayèngrat bupati ing Srêngat, ingkang raka badhe kadhèrèkakên dhumatêng ing rêdi Pêgat, sarêng sampun dumugi ing kitha Srêngat, botên kacariyosakên kawontênanipun, enggalipun para prayagung têtiga, ing Kadhiri, Tulungagung, tuwin ing Srêngat, saha sawadyabala sadaya, lajêng sami bidhal dhumatêng ing redi Pêgat, sadumuginipun ing ngriku dèrèng ngantos campuh wadya kraman lajêng sami bibar pating salêbar, [salê...]

--- 1 : 60 ---

[...bar,] saking ulap dhatêng prayagung têtiga wau, kingkangingkang. ajêjuluk Prabu Jatikusuma lajêng kapikut botên suwala.

Amangsuli lêlampahanipun Bagus Burham tuwin Ki Tanujaya ingkang taksih ngêntosi wontên ing kitha Madiun, rintên dalu ingkang dipun gagas namung anggènipun badhe dhèrèk kangjêng pangeran adipati dhumatêng ing kitha Kadhiri, tumuntên sagêda kalampahan, kiyasipun Ki Tanujaya, botên ngamungakên ing Panaraga kemawon tiyang paguron ingkang sagêd angajar ngaji, kakintên ing kitha Kadhiri kemawon botên kirang, dados ciptaning tiyang kalih wau sampun botên babar pisan manahipun dipun isèni badhe wangsul dhatêng kitha Panaraga, mila sarêng sampun sabibaring bakda Siyam, daganganipun kalithikan sataksih-taksihipun, lajêng kaliyêrakên dhatêng tiyang sanès, prêlunipun samôngsa kangjêng pangeran adipati sampun rawuh ing kitha Madiun, dados sampun botên susah manah bab punika, wasana anggènipun angajêng-ajêng dipun sarantosakên dumugi bakda Sawal mêksa dèrèng rawuh, Ki Tanujaya lajêng ngingsêp-ingsêp pawartos dhatêng pawong mitranipun ingkang griyanipun sacêlaking radinan ingkang asring dipun langkungi bilih kangjêng pangeran adipati sowan dhatêng Surakarta, tuwin kondur saking Surakarta, angsal katrangan bilih kangjêng pangeran adipati sampun wangsul saking nagari Surakarta, malah konduripun kala sadèrèngipun bakda Siyam, [Si...]

--- 1 : 61 ---

[...yam,] rawuhipun ing Madiun mriki sampun sirêp rare, nanging botên mawi kèndêl lajêng têrus kemawon, kados nawung wigatos ingkang sangêt, awit para garwa putra botên wontên ingkang andhèrèkakên kondur, namung para abdi jalêr sami akêkapalan sadaya, antawisipun namung tiyang kalih dasa.

Ki Tanujaya sarêng mirêngakên cariyosing mitranipun ingkang makatên wau, raosing manahipun lajêng judhêg, pangudaraosing batos, punapa nyrantosakên sawatawis dintên malih, punapa lajêng nusul dhatêng ing Kadhiri, kapanggih ing manahipun, badhe nyarantosakên sawatawis dintên malih, bokmanawi ingkang dipun sumêrêpi dening mitranipun wau sanès kangjêng pangeran adipati ing Kadhiri, nanging sarêng dipun sarantosakên ngantos sawatawis dintên botên rawuh manahipun sawêg pitados bilih kangjêng pangeran adipati sampun kondur dhumatêng ing Kadhiri sayêktos, mila Ki Tanujaya lajêng kapanggih kalihan Manguncitra, pamitan saèstu badhe andhèrèkakên Bagus Burham kasowanakên dhatêng ing Kadhiri, Manguncitra inggih sampun anyondhongi, enjingipun Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham lajêng bidhal dhumatêng ing kitha Kadhiri.

Kacariyos ing kitha Panaraga, Kangjêng Kyai Imam Bêsari sarêng ingkang kautus angaturi uninga dhatêng Radèn Tumênggung Sastranagara sampun wangsul, lajêng katingal lêjar panggalihipun,

--- 1 : 62 ---

dene kesahipun Bagus Burham tuwin Ki Tanujaya sariranipun sampun botên badhe kaparan tutuh, namung sarêng sakesahipun tiyang kalih wau ngantos antawisipun kalih utawi tigang wulan, bilih wontên ingkang sami angraosi lajêng dipun dukani, utawi botên kaparêng dipun raosi, kagalih angungkat-ungkat kala, mila sakesahipun Bagus Burham tuwin Ki Tanujaya, tiyang sagêbang tinatar botên wontên ingkang wani angraosi.

Kala samantên ing ngarsanipun kangjêng kyai, sabên sawulan sapisan, kadhawahakên ing tanggal kaping 15. Kangjêng Kyai adamêl lêlangên têtingalan ingkang dipun wastani rodat, ingkang kakarsakakên dados rodat wau para murid-murid ingkang kawical prigêl-prigêl sarta ingkang sae wêrnènipun, tuwin ingkang dêdêg pangadêgipun sami, kacariyos rodat makatên warni kalih, dipun wastani rodat Dêmak kalihan rodat Mataram, manawi rodat Dêmak cacahipun nênêm batakipun satunggal, dados tiyang pitu, batakipun angêmban golèk mawi dipun sindhèni lêlagon singir, ingkang nênêm sami ambêkta kêpêt sadaya, tabuhanipun kêndhang, trêbang, jedhor, sabrebetan kados dikir maulud, kaotipun dhikir maulud botên mawi ulah raga, jogèdipun katata, botên kenging sakajêng-kajêngipun piyambak, sairip kados dene jogèding badhaya, sabên sapada rodat [ro...]

--- 1 : 63 ---

[...dat] nênêm wau majêng satunggal-satunggal, enthanipun kados badhe angêntosi pangêmbanipun batak, nanging botên kasêmbadan, dados narimah sawêrni namung ngliling kalihan angêpêti kemawon, makatên sapiturutipun, ingkang sawau batakipun wontên ngajêng, sarêng rodat nênêm sampun kawaratan anggèning sami badhe angêntosi ngêmban, batakipun lajêng manggèn wontên têngah lêrês, manawi sampun makatên ingkang jogèd lajêng sami linggih sadaya, manawi sampun aso sawatawis, tabuhanipun kalaras kados singiran, rodat pitu lajêng sami mlampah urut kacang, ingkang dados batak dhawah wontên wingking, lampahipun mawi ulah raga, manawi sampun dumugi palinggihan, tabuhan suwuk, lajêng bibar.

Manawi Rodat Mataram cacahipun wolu, batakipun kalih dados sadasa, jogètipun ugi dipun tata, kados botên mawi ngêmban golèk, rodat wolu sami ambêkta sodor, sabên batak satunggal dados botohipun rodat sakawan, pirangipunpêrangipun. têtandhingan rekanipun mawi dipun totohi kados sawêrni tiyang ngabên sawung, ingkang totohan inggih namung batakipun kalih pisan punika, manawi sampun wiwit pêrang batak kalih wau lajêng sami anyawungi rodatipun piyambak-piyambak, ngantos dumugi pêrangipun rodat kawan jodho wau, namung rodat Mataram punika kêdah ngupados batak [ba...]

--- 1 : 64 ---

[...tak] ingkang kêdaling lesan kaduk cucut, ingkang sagêd adamêl rame tuwin ingkang sagêd adamêl gumujêngipun tiyang kathah, nalika Ki Tanujaya dèrèng kesah saking Panaraga, kapiji kangjêng kyai kadhawuhan dados batak Mataram, dipun sisihakên kalihan abdinipun kangjêng kyai nama Kramaleya, tiyang kêkalih wau sami wasisipun dhatêng lêlucon, mila manawi kangjêng kyai pinuju lêlangên rodatan, tiyang ningali kathahipun ngantos ewon, botên ngamungakên tiyang sakiwa têngênipun ing ngriku kemawon ingkang sami aningali, ananging tiyang ingkang griyanipun 3, 4, 5 pal, sami amêrlokakên aningali.

Sakesahipun Ki Tanujaya saking Panaraga, sawêg kaping kalih kangjêng kyai kaparêng lêlangên rodatan, ingkang kawêdalakên namung rodat Dêmak, ingkang dados batak Kramaleya, dene Kramaleya punika saking wasisipun dhatêng ulah raga, sarta cucutipun wêdaling wicara, tur pancên inggih kawical dèrèng kathah umuripun, mila inggih ngantos dados sêkar lathinipun tiyang sa-Panaraga, botên angamungakên tiyang èstri kemawon ingkang sami kasmaran dhatêng Kramaleya, dalah tiyang jalêr ugi kathah ingkang sami kasêngsêm.

Sarêng sampun jam kalih dalu lêlangên sampun kèndêl, ingkang sami aningali lajêng bibaran, kangjêng kyai tumuntên lumêbêt ing

--- 1 : 65 ---

dalêm amapan sare, sadaya ugi lajêng amapan tilêm dhatêng panggenanipun piyambak-piyambak, pandhapinipun kangjêng kyai lajêng katingal samun, botên mirêng sabawaning walang salisik, sarêng wanci gagat bangun, kacariyos Kangjêng Kyai Imam Bêsari supêna, dipun panggihi priyantun sêpuh mangangge cara kaji, matur dhatêng kangjêng kyai, bilih sawatawis wulan malih ing kitha Panaraga badhe kadhatêngan pacêklik agêng, rare-rare tuwin tiyang alit kathah ingkang sami kalirên, jalaran saking botên wontên ingkang dipun têdha, amargi sabin-sabin sami botên kamêdalan, dene jalaranipun kabêkta saking sumuking manahipun Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham, anggèning rintên dalu tansah angandhut prihatos, amila Kangjêng Kyai Imam Bêsari kadhawuhan amadosi dhatêng tiyang kêkalih wau, samôngsa sampun kapanggih lajêng katimbalan mantuk dhumatêng ing Panaraga, dene pamanggènipun, namung wontên sakiwa têngênipun kitha Madiun kemawon, mangkatênmakatên. malih Bagus Burham punika sawatawis taun malih badhe dados tiyang linangkung, sapunika sawêg dipun angge lêlampahan, sarêng sampun têlas pangandikanipun tiyang sêpuh wau wontênipun ing supênan kangjêng kyai uninga Bagus Burham linggih samadyaning surambi sami dipun adhêp dening tiyang kathah, dalah para mutangalim sami katingal ngadhêp Bagus Burham sadaya, kangjêng kyai lajêng wungu, supênanipun taksih èngêt awêwentehan [a...]

--- 1 : 66 ---

[...wêwentehan] botên wontên ingkang kasupèn, mila sakalangkung andadosakên pangunguning panggalihipun kangjêng kyai, sarta sanalika kangjêng kyai lajêng kèngêtan dhatêng tiyang kalih wau, saparipolahipun tansah katingal wontên ing paningal, saupami panggalihipun botên pakèwêd dhatêng kiwa têngênipun, sagêd ugi kangjêng kyai tindak ngupadosi piyambak.

Sarêng sampun bang-bang wetan kangjêng kyai lajêng mêdal dhatêng pandhapi amlampah-mlampah, sadangunipun amlampah-mlampah ingkang dipun galih namung supênanipun ingkang sakalangkung elok wau, sarêng sampun wancinipun sêmbahyang Subuh, kangjêng kyai lajêng tindak dhumatêng masjid lajêng katungka dhatêngipun para pinisêpuh tuwin para murid-murid ingkang sami badhe sêmbahyang, sabakdaning sêmbahyang kangjêng kyai lajêng lênggah wontên ing surambi, kaadhêp para pinisêpuh tuwin para murid-murid sadaya, sambènipun sami maos Kuran, swaranipun gumarênggêng adamêl asrining surambi.

Sabakdaning ngaos Kuran-Kuran ingkang sami kawaos lajêng sami katutup sadaya, kangjêng kyai kantun lêlênggahan kemawon, sambènipun andangu kawontênanipun ingkang sami ningali rodat kala wau dalu katingal botên patos kathah kados sabênipun, wasana kangjêng kyai lajêng utusan rare kadhawuhan nimbali dhatêng Kramaleya, pangintênipun ingkang sami ngadhêp, Kramaleya badhe kadangu kawontênanipun bab kala wau dalu, sarêng

--- 1 : 67 ---

Kramaleya sampun sowan, lajêng kadhawuhan majêng, sadaya ingkang ngadhêp lajêng kèndêl botên wontên ingkang wani nyêbawa, sarêng Kramaleya sampun majêng, lajêng dipun dhawuhi, enjing punika kautus dhatêng ing kitha Madiun, amadosi Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham, bilih sampun pinanggih kadhawuhan andhawuhakên, dipun timbali kangjêng kyai kadhawuhan wangsul dhumatêng ing pondhok Gêbang Tinatar, dene sakathahing kalêpatanipun ingkang sampun dipun lampahi, sami kaparingan pangapuntên, Kramaleya botên kalilan mantuk manawi dèrèng pinanggih kalihan Ki Tanujaya, Kramaleya kaparingan pasangon kathahipun sakawan reyal, saking sakalangkung bingahing manahipun, anggènipun nampèni yatra kawan reyal ngantos mawut pating salêbar dhatêng pundi-pundi, labêtipun botên nate nyêpêng yatra ngantos sakawan reyal kathahipun, anggèning mêndhêti yatra tanganipun ngantos andharêdhêg, lajêng sami dipun gêgujêng dening para kamisêpuh ingkang sami ngadhêp, Kramaleya lajêng nyuwun pamit, munduripun kalihan wiraga angatingalakên kabingahanipun, ingkang sumêrêp saya gumujêng ambata rêbah, rare-rare sami pating cêkikik jawil-jinawil kalihan para kancanipun, angatingalakên bingahing manahipun anggèning badhe pinanggih malih kalihan Bagus Burham, namung para pinisêpuh sami dèrèng andungkap dhatêng kaparêngipun kangjêng kyai, manawi sami angèngêti dukanipun kangjêng kyai kala

--- 1 : 68 ---

samantên, kados salamènipun sampun botên sagêd lilih, dèrèng sapintêna dangunipun, têka sapunika sampun utusan amadosi, anggèning dhawuh sawêrni kados amadosi sadhèrèk ingkang sampun lami botên panggih-pinanggih, punika ingkang andadosakên pangunguning manahipn para pinisêpuh sadaya wau, nanging sajatosipun sadaya kemawon inggih sami bingah, dene badhe sagêd pinanggih malih kalihan Ki Tanujaya, amargi Ki Tanujaya wau pancèn tiyang sae manahipun, sarta lêgan lilan dhatêng barang darbèkipun.

Saunduripun Kramaleya saking ngarsanipun kangjêng kyai, para pinisêpuh lajêng sami kadhawuhan ngaji malih, kangjêng kyai namung lênggah sêsèndhèn kalihan amirêngakên, sarêng wanci jam sadasa enjing sawêg sami kadhawuhan bibaran.

Saking bingahing manahipun Kramaleya, samunduripun saking ngarsanipun kangjêng kyai, botên mawi mampir dhatêng griyanipun rumiyin, lajêng têrus mangkat saking mêsjid kemawon, namung nalika mangkatipun, atilar wêling dhatêng kamisêpuh tuwin dhatêng kancanipun, samôngsa semahipun amadosi dipun sanjangana bilih sawêg kautus kangjêng kyai dhatêng Madiun, mantukipun dèrèng sagêd anêmtokakên enggal dangunipun, sasampunipun tilar wêling lajêng mangkat, lampahipun ngutu botên mawi mandhêg tumolèh, ciptaning manahipun daya-daya tumuntêna sagêd [sagê...]

--- 1 : 69 ---

[...d] pinanggih kalihan mitranipun Ki Tanujaya. Botên kacariyosakên wontênipun ing margi, sarêng sampun dumugi padhusunan sacêlaking kitha Madiun, lajêng wiwit angangin-angin dhatêng tiyang langkung bokmanawi wontên ingkang sampun sumêrêp utawi sarawungan tiyang nama Ki Tanujaya, ambêkta anak jalêr taksih jaka alit, manawi wontên ingkang sampun sumêrêp, pamanggènipun wontên pundi, sadaya ingkang dipun pitakèni sami amangsuli dèrèng nate sumêrêp, utawi botên sumêrêp, Kramaleya lajêng andumugèkakên lampahipun, sarêng sampun andungkap dumugi sacêlaking kitha, kados namung kirang lampahan saonjotan, sumêrêp sêndhang toyanipun bêning anyarong, sami dipun angge adus dening tiyang kathah, ciptaning manahipun kapengin badhe adus sakêdhap, supados sêgêr awakipun, ananging pakèwêd dene ingkang sami adus wau namung tiyang èstri sadaya, amila lajêng katêksa angêntosi sarampungipun, sarêng ingkang sami adus wau sampun sami mêntas, Kramaleya lajêng anyêlak dhatêng sêndhang, sawêg badhe cucul lajêng kanggêg, dening manahipun lajêng mangu-mangu botên kantênan ingkang dipun raosakên, wasana lajêng botên saèstu adus, nanging namung sukunipun kemawon kalih pisan sami dipun êkum ing toya kangge jampi sayah alinggih sela cêmêng, awakipun kasèndhèkakên ing uwit gayam, pangêkuming sukunipun saya [sa...]

--- 1 : 70 ---

[...ya] dangu saya karaos nikmat punapadene kasilir ing samirana, maripatipun ambaliyut kados dipun sirêpi, dangu-dangu lajêng lês tilêm kapati, saking sakecanipun anggèning tilêm, ngantos botên kagèt ramening rare ingkang sami adus cêciblon, sarêng sampun asar andhap, kados rumaos dipun gugah dening tiyang sêpuh sampun akaki-kaki, dipun pituturi sampun asalah wèngwèng eca-eca tilêm kemawon, kadhawuhan andumugèkakên lampahipun, sarta kadhawuhan anjujug sangandhaping waringin agêng sacêlaking alun-alun, punika mangke badhe kapanggih kalihan tiyang nama Ki Jasana, ugi tunggil kajêng sami amadosi dhumatêng Ki Tanujaya, sawêg dumugi samantên Kramaleya lajêng nglilir, aningali ing sêndhang saya kathah ingkang sami adus, Kramaleya satêngah ragi lingsêm manahipun, sarta botên angrumaosi bilih punika wau tilêm ngantos kapati, ananging lajêng dipun salamur amêndhêt toya wulu, sarta lajêng sêmbahyang wontên ing sela ngriku kemawon, sabakdaning sêmbahyang têrus mangkat dhatêng salêbêting kitha, ingkang kacipta tumuntêna dumugi ing alun-alun, lampahipun ngutu botên mawi mandhêg tumolèh, saking kuwatos ambok bilih lajêng dipun tilar kesah dening tiyang sêpuh ingkang kawasita salêbêting tilêm punika wau, sarêng lampahipun sampun dumugi ing alun-alun, manahipun Kramaleya têka mawi tarataban [tara...]

--- 1 : 71 ---

[...taban] kados manahing tiyang ingkang sampun kangsèn dhatêng bedhanganipun, sarêng saking katêbihan sampun katingal bilih sangandhaping waringin wontên sayêktos tiyang sêpuh linggih wontên ing ngriku, cês raosing manahipun ayêm kados dene sumêrêp bedhanganipun ingkang sawêg dipun upadosi, Kramaleya sampun dumugi têmtu punika ingkang nama Ki Jasana, amila lajêng dipun purugi kalihan angawasakên dhatêng sêsipatanipun Ki Jasana, sarêng sampun tamat lajêng dipun cêlaki sêngadi pados latu kangge udut, Ki Jasana angewahi linggihipun kalihan gita amêndhêtakên thithikanipun, lajêng dipun ulungakên kalihan taklim, Kramaleya anggènipun anampèni kalayan anoraga, sarampunging pangagaripun lajêng kawangsulakên dhatêng Ki Jasana malih, kalihan pitakèn namanipun sarta ingkang dipun griyani, Ki Jasana amangsuli kalayan têmbung manis, prasaja tiyang saking nagari Surakarta, abdinipun Radèn Tumênggung Sastranagara, prayagung bupati kadipatèn anom, dumuginipun ing kitha Madiun kautus amadosi ingkang wayah nama Bagus Burham kabêkta dening pamomongipun nama Ki Tanujaya, mula bukanipun sampun kacariyosakên sadaya, ngantos dumuginipun Ki Jasana kapanggih kalihan Kramaleya punika, Ki Jasana lajêng gêntos pitakèn dhatêng Kramaleya, namanipun sarta ingkang dipun griyani, Kramaleya ugi lajêng amrasajakakên [amrasajakakê...]

--- 1 : 72 ---

[...n] namanipun abdinipun Kangjêng Kyai Imam Bêsari ing pondhok Gêbang Tinatar kitha Panaraga, dene prêlunipun ugi kautus amadosi Bagus Burham tuwin Ki Tanujaya, Kramaleya lajêng anyariyosakên jalaranipun anggèning Ki Tanujaya kadhawuhan kesah saking Panaraga, ngantos dumugi kadhawuhan amadosi punika, sarta lajêng anyariyosakên nalika piyambakipun katilêman wontên ing sêndhang, supêna dipun gugah dening priyantun sêpuh sampun akaki-kaki ngantos sagêd kapanggih sayêktos dhatêng Ki Jasana, amila Kramaleya sarta Ki Jasana sami anglairakên gumuning manahipun dhatêng kaelokan ingkang sawêg sami dipun awaki dening tiyang kalih wau, dèrèng ngantos dumugi anggèning sami rêrêmbagan, lajêng kabujêng ing wanci sêraping surya, Kramaleya lajêng dipun ajak dhatêng pondhokanipun Ki Jasana, sadumugining griya lajêng andumugèkakên panggusthining manah sapikangsalipun, ingkang prayogi sami dipun lampahi, wasana dèrèng ngantos dumugi ing griya kabujêng ing wanci mahrib, tiyang kalih lajêng sami mampir dhumatêng ing masjid sami anglampahi prêluning sêmbahyang, sabakdaning sêmbahyang lajêng têrus dhatêng pondhokanipun Ki Jasana kemawon andumugèkakên anggèning sami rêrêmbagan malih, sadumugining pondhokan Kramaleya lajêng dipun sêgah wedang panganan, sêkul sapirantosipun sarampunging nêdha lajêng [la...]

--- 1 : 73 ---

[...jêng] sami rêrêmbagan malih, rêmbagipun Kramaleya manawi wanci siyang badhe katalêngsêng dhatêng salêbêting kitha, Ki Jasana amangsuli, bilih salêbêting kitha kemawon prasasat sampun kêmput anggèning amadosi, malah ngantos dipun labuhi ambarang ura-ura, ewadene mêksa botên sagêd pinanggih.

Kramaleya lajêng anyambêti, kalayan sêmu gumujêng, saupami, ... saupami makatên kenging wangsul, mênggah anggèning sami amadosi wau sami waranasarana. kados tiyang ambarang jathilan, Ki Jasana punapa sagêd anglampahi, pangraosipun Kramaleya sarèhning sampun wontên ing têba, manawi manahipun kaisènan ing isin, ingkang badhe dipun isini sintên, tuwin ingkang badhe angisin-isin sintên, amargi tiyang ing ngriki dèrèng wontên ingkang sami sumêrêp dhatêng piyambakipun tiyang kalih wau, manawi sagêd kalampahan bilih Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham taksih sami wontên ing Madiun, tiyang kalih botên susah angawasakên kiwa têngên manawi anggèning ambarang jathilan nuju dipun tanggap utawi nuju bèbèr, sampun têmtu Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham sami aningali, jalaran tiyang kalih wau pancèn ewoningewoning tiyang ingkang. rêmên dhatêng têtingalan, wangsulanipun Ki Jasana, sagêd, nanging kêdah sarana mawi topèng, prêlunipun kangge aling-aling, bok bilih kapêthuk têtêpanganipun [têtêpanganipu...]

--- 1 : 74 ---

[...n] tiyang Kadhiri, botên sangêt-sangêt anggèning lingsêm, mupangatipun sagêd nyumêrêpi botên sagêd dipun sumêrêpi, pamanggihipun Ki Jasana ingkang makatên wau Kramaleya sangêt anggènipun condhong, sarêng sampun matêng rêmbagipun, Ki Jasana lajêng mêndhêt yatra kathahipun sakawan reyal, yatra samantên wau lajêng katumbasakên kapal kepang kalih, tuwin sapirantosipun, tirahanipun katumbasakên kêndhang alit kalihan gugur, gugur punika swaranipun kados salomprèt, pirantos tabuhanipun tiyang ambarang jathilan, sarêng sampun pêpak lajêng wangsul dhatêng pondhokan malih, tiyang kalih lajêng sami dandan, sarêng sampun rampung lajêng sami pangkat, nalika sawêg jumangkah ing lawang tiyang kalih sami sakalangkung panalangsaning manahipun dhatêng ingkang adamêl gêsang, dene sami angurbanakên awakipun dados badhut ambarang jathilan, Kramaleya angangge pênthul akalung kêndhang, Ki Jasana angangge têmbêm anyangking gugur, urut mêrgi kêndhangipun tansah tinabuh ngaplak alêlagon warni-warni, guguripun sinêbul bantas adamêl gambiraning tiyang pating grubyug aningali, Kramaleya pancèn gadhah dhasar cucut parigêl dhatêng samukawis, Ki Jasana sagêd dhatêng sêsêndhon, amila pambarangipun jathilan katingal laris sangêt, kathah para priyantun tuwin para sudagar-sudagar ingkang sami nanggap, saking larisipun tiyang kalih wau ngantos botên kobêr nginang utawi udut, paribasan dèrèng [dè...]

--- 1 : 75 ---

[...rèng] bibar sampun dipun êntosi ingkang badhe nanggap gêntos, saking kondhangipun ngantos dados sêkar lathinipun tiyang Madiun sandhung jêkluk jathilan Kramaleya, sênggakane Ki Jasana, makatên wau botên ngamungakên tiyang alit kemawon ingkang sami ngucapakên, dalah para priyantun ugi sami anirokakên lêlagoning jathilanipun Kramaleya, sanadyan kondhangipun sampun angêbaki ing kitha Madiun, larisipun angungukuli bakul ingkang pados setan, ewadene tiyang kalih wau manahipun botên korup dhatêng kathahipun yatra angsal-angsalanipun anggèning ambarang, ananging salêbêting manah botên kasupèn panyuwunipun dhatêng ingkang adamêl gêsang, mugi tumuntên sagêda kapanggih kalihan Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham, mila Kramaleya tuwin Ki Jasana sabên dintên kemawon botên kèndêl-kèndêl taksih andumugèkakên anggènipun ambarang jathilan, manawi botên kaplantrang sabên sontên tiyang kalih wau sami mantuk dhatêng pondhokan, manawi ngantos kaplantrang lajêng sami sipêng, tilêm wontên ing purug, ananging namung tiga sakawan dintên lajêng wangsul dhatêng pondhokan malih.

Gêntos ingkang kacariyos, lampahipun Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham anggèning sami badhe sowan dhatêng Kêdhiri, sarêng sampun angambah margi salêbêting wana, tiyang kalih wau lajêng sami bingung botên sumêrêp ing lèr kidul, dangunipun ngantos [nga...]

--- 1 : 76 ---

[...ntos] tigang dintên tigang dalu, rintên dalu tansah ubêngan wontên salêbêting wana kemawon, dados salêbêtipun tigatigang. dintên tigang dalu wau, Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham kapêksa sami anglampahi botên nêdha, botên ngombe, tuwin botên tilêm, manawi Ki Tanujaya makatên dhasar tiyang sêpuh tuwin sampun kulina, sarêng Bagus Burham dèrèng nate botên nêdha ngantos samantên dintên lamènipun, mila ngantos nangis sarta sêsambat, sukunipun sayah sangêt, padharanipun karaos luwe, maripatipun arip sangêt, gulunipun salit raosipun ngorong, badanipun gumêtêr, kringêtipun gumrobyos kados tiyang adus, sarêng makatên lajêng dhawah brêg kasambêt, sarêng Ki Tanujaya sumêrêp bilih momonganipun kados makatên, raosing manahipun pating saluwir kados dipun juwing-juwing, mila lajêng amêsu budi angêningakên cipta, sadhakêp suku tunggal nutupi babahan nawahawa. sanga, nyênyuwun dhatêng ingkang adamêl gêsang, mugi paringa pitulung dhumatêng kawulanipun ingkang sawêg kasangsaya, labanipun tiyang mantêp dhatêng ing tekad, sanalika andhatêngakên gara-gara angin agêng agêgêrotan, kêkajêngan kathah ingkang sêmpal, ingkang rêbah tuwin ingkang rungkat, sasirêping angin lajêng katingal wontên teja anggamêng wontên sanginggiling Bagus Burham, saicaling teja wontên pitulunging Pangeran, Ki Tanujaya dipun panggihi priyantun sêpuh mangagêm sarwa wulung, awêwarah

--- 1 : 77 ---

dhatêng Ki Tanujaya, manawi ing wêgdal punika Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham, sami dèrèng kalamangsanipun dhatêng kitha Kadhiri, sami kadhawuhan wangsul malih dhatêng ing kitha Panaraga kemawon, aturipun Ki Tanujaya, sarèhning kesahipun saking Panaraga punika amargi dipun tundhung dening Kangjêng Kyai Imam Bêsari, dados saupami wangsul malih dhatêng Panaraga, Ki Tanujaya sakalangkung lingsêmipun, ingkang mangagêm sarwa wulung lajêng angandika malih, sapunika Kangjêng Kyai Imam Bêsari, dukanipun dhatêng Ki Tanujaya sampun lilih sayêktos, malah sampun lajêng kaparêng utusan amadosi, dene ingkang kautus abdinipun nama Kramaleya, makatên ugi Radèn Tumênggung Sastranagara, ugi utusan amadosi, ingkang kautus abdinipun nama Ki Jasana, sapunika Ki Jasana tuwin Kramaleya, sampun kêmpal dados satunggal, manggèn wontên ing kitha Madiun, mila Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham sami kadhawuhan wangsul dhatêng ing kitha Madiun kemawon rumiyin, wontên ing ngriku marginipun sagêd kapanggih Ki Jasana kalihan Kramaleya, ingkang sakalih-kalihipun sami botên kanyanan, Ki Tanujaya lajêng matur, punika wau Bagus Burham mêntas botên èngêt, jalaran saking luwe sayah arip labêt saking sampun tigang dintên tigang dalu botên nênêdha botên ngombe tuwin botên tilêm, jalaran Ki Tanujaya wontên ing wana ngriki bingung botên sumêrêp [su...]

--- 1 : 78 ---

[...mêrêp] ing lèr kidul. Sarêng makatên Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham sami kadhawuhan angêrêmakên maripatipun, Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham lajêng sami angèstokakên, pangraosipun sawêg mêrêm sakêjêpan, Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham sami kadhawuhan angêlèkakên maripatipun, sarêng sampun mêlèk, tiyang kalih ngantos sami anjumbul sarta sakalangkung pangunguning manahipun, dene Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham sampun ngadêg wontên palataranipun tiyang gadhah damêl, tuwin mawi dipun urmati ungêling gôngsa gêndhing Kêbogiro angangkang, sarta lajêng dipun papagakên akalihan ingkang gadhah damêl, sasampunipun sami linggih satata tiyang kalih sami dipun kanthi kalêbêtakên ing pandhapa, sasampunipun sami linggih satata tumuntên dipun wêdali pisêgahipun ingkang gadhah damêl, sêkul ulam tuwin panganan caranipun tiyang padhusunan, wedangipun srêbat manis amangêt-mangêt, sanadyan Ki Tanujaya botên têlas-têlas pangunguning manahipun dhatêng kaelokan wau, ewadene botên kasupèn dhatêng tatacara, lajêng angrogoh yatra sareyal, kabuwuhakên dhatêng ingkang gadhah damêl, ingkang gadhah damêl katingal sakalangkung bingahing manahipun, dene kadhatêngan tamu balaba, môngka caranipun tiyang padhusunan punika, botên wontên sumbangan ngantos srupiyah, mila panganggêpipun ingkang gadhah damêl, dhatêng tamu kalih wau anggèning

--- 1 : 79 ---

angaosi prasasat dhatêng Bupati ingkang ambawahakên.

Adatipun tiyang gadhah damêl ing ngriku punika, manawi pisêgah wau sampun dipun têdha, tirahanipun lajêng kalêbêtakên ing kroso kangge angsal-angsal, nanging sarêng dhatêng Ki Tanujaya botên makatên, sasampunipun pisêgah wau katêdha, ingkang badhe kangge angsal-angsal kadamêlakên piyambak, sêkul ulam sakroso agêng, mawi ingkung wêtah satunggal, pangananipun sakroso agêng, sarêng Ki Tanujaya sampun rampung prêlunipun, lajêng sami pamitan wangsul dhatêng ingkang gadhah damêl, ingkang gadhah damêl anguntapakên dumugi sajawining regol.

Tiyang tiga lajêng sami sêsalaman, sarta sami bage-binage wilujêng, Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham, lajêng sami andumugèkakên lampahipun, angsal-angsalipun anggèning nyumbang, ingkang bêkta Ki Tanujaya, tangan têngên nyêpêng angsal-angsal, tangan kiwa nyangking sanguning pangangge, ingkang gadhah griya lajêng wangsul dhumatêng ing pandhapa, sapêngkêripun Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham wau, tumuntên katungka dhatêngipun para sanak sadhèrèkipun ingkang gadhah griya, inggih ugi sami badhe buwuh, saking kathahipun, ngantos ungêling Kalaganjur angangkang tanpa kèndêl, samargi-margi Ki Tanujaya botên pêgat kapapagan para tiyang ingkang èmpêripun inggih sami badhe buwuh mariku, jalêr èstri

--- 1 : 80 ---

sami adhapyak-dhapyak, kawistara sami sênêng-sênêng manahipun.

Botên dangu lampahipun anglangkungi bulak malih, ingkang têbihipun kintên-kintên lampahan kalih onjotan, bulak wau kados dèrèng dangu dadosipun ing pasabinan, tuwin patêgilan, bokmanawi ing ngajêng saking bikakan wana, katitik saking tunggakaning kajêng-kajêng kathah ingkang sami dèrèng dipun dhangkèli, margi-marginipun sami dèrèng dipun tanêmi eyub-eyub, amargi wêgdal wau sampun tumapaking môngsa katiga, bêntèripun ngandhap nginggil sami sumêlètipun, tiyang kalih tansah akicat-kicat.

Ki Tanujaya ragi karepotan pambêktanipun sanguning panganggèn akalihan sêkul ulam wau, sanajan sanguning panganggèn sakêdhap-sakêdhap dipun gêntosi dening Bagus Burham, ewadene Ki Tanujaya inggih taksih ambêntoyong pambêktanipun sêkul ulam, amargi saking kathahipun, sarêng dumugi satêngahing bulak, kapêthuk rare-rare sami badhe angupados kajêng rèncèk dhatêng wana, dados sêkul ulamipun punika wau lajêng kasukakakên dhatêng rare-rare sadaya wau, saupami kabêkta dhatêng nagari kamanah sakêdhik prêlunipun, dene ingkang dipun sukani sami sakalangkung bingah ing manahipun.

Antawisipun jam tiga siyang, utawi Asar inggil, lampahipun Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham, sampun dumugi salêbêting kitha [ki...]

--- 1 : 81 ---

[...tha] Madiun, sarèhning bêntèripun dèrèng sirêp, tiyang kalih lajêng kèndêl wontên sangandhaping kajêng jaran, ingkang ing wêgdal wau nuju kathah godhongipun, ngiras pados pikiran ingkang badhe dipun jujug, sarta tansah botên mêndha trênyuhing manahipun, mila tiyang kalih wau, sabên angèngêti lêlampahanipun ingkang sawêg sinandhang lajêng sami akaca-kaca.

Kacariyos ingkang sawêg anamur lampah, pambarangipun jathilan Kramaleya kalihan Ki Jasana, wiwit enjing ngantos dumugi asar inggil totênbotên. patosa kathah ingkang nanggap, môngka sabênipun laris sangêt, saking kathahipun ingkang sami nanggap, paribasan ngantos botên kobêr nginang, nanging ingkang makatên wau, malah sami andadosakên bingahing manahipun, dene sagêd mungkul anggèning ngulat-ulatakên dhatêng ingkang dipun upadosi, sarta tujuning manahipun sami têbih dhatêng pamrih bêbarangan, wontênipun sami dipun lampahi sami ambarang jathilan wau, saking awratipun kautus ing bêndara, botên ketang dipun lampahi wirang isin anggêripun sagêd pinanggih kalihan ingkang dipun upadosi.

Kalêrêsan wêgdal wau ing radinan agêng botên wontên tiyang langkung satunggal-tunggala mila kêtipungipun Kramaleya ingkang kakalungakên ing gulu, saha guguripun Ki Jasana, lajêng sami kadadosakên satunggal, namung dipun cangking kemawon, têmbêm [tê...]

--- 1 : 82 ---

[...mbêm] pênthulipun ingkang anutupi rai, sami dipun panjulukakên manginggil, urut mêrgi sinambi ginêman kados pundi wusananipun ingkang dipun lampahi, manawi sabên dintên namung tansah kados makatên kemawon, dangu-dangu badhê tuman dados tiyang ambêbarang.

Tiyang kalih wau sadangunipun ginêman ragi katungkul botên ningali kiwa têngên, lampahipun kaplantrang anglangkungi radinan ingkang dipun angge kèndêl tiyang kalih wau, nanging Kramaleya tuwin Ki Jasana sami botên angrêmpêlu bilih ingkang sami dipun upadosi sawêg angaub wontên ngriku, Bagus Burham botên pangling dhatêng Kramaleya, ingkang ing wêgdal wau taksih angangge pênthul kapanjulukakên manginggil, lajêng dipun cêluk kapurih kèndêl, Kramaleya tuwin Ki Jasana, sami botên pangling dhatêng Ki Tanujaya sanalika lajêng sami dipun purugi sarêng sampun cêlak, Ki Tanujaya lajêng dipun rangkul kalihan Ki Jasana, tiyang kalih sami nangis, Kramaleya kalihan Bagus Burham ugi sami tumut nangis, Ki Jasana lajêng ngêkêp-ngêkêp Bagus Burham kalihan dipun ambungi, pangêkêpipun botên uwal-uwal, saking kasoking kabingahan, dangu-dangu Ki Jasana lajêng kasambêt, sarêng sampun èngêt, sumêrêp wêrninipun Bagus Burham kêra sangêt paraeanipun katingal gêsêng kados wujudipun tiyang angandhut susah, sakalangkung wêlasing manahipun, môngka nalika taksih wontên ing nagari

--- 1 : 83 ---

Surakarta, sanadyan rintên dalu botên pisah kalihan Ki Tanujaya, badanipun lêma kulitanipun jêne, labêt saking dipun ugung ingkang êmbah, sabên dintên lumintu dipun paringi samukawis ingkang andadosakên kabingahanipun, dene sapunika ngantos anglampahi kasakit-sakit ingkang ngantos adamêl trênyuhing manah, mila Ki Jasana ngantos kawêdal wicantênipun anyênyuwun dhatêng ingkang adamêl gêsang. Mugi Gusti Allah ambêrkahana dhumatêng putu kula Bagus Burham, ing têmbe dadosa pangauban, kenginga kula titipi badan kula.

Saking têmên saha mantêping manahipun, Ki Jasana ngantos sagêd amênangi anggènipun Bagus Burham dados abdi dalêm kaliwon pujôngga. Mila Ki Jasana lajêng kadadosakên parampara ngiras nyêpêng pawêdalipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita (Bagus Burham), sarêng Ki Jasana tilar dunya, lajêng kapêtak wontên ing astana Pêngging, kadhèrèkakên Radèn Tumênggung Sastranagara.

Sasampunipun sami rêrêm manahipun, lajêng sami anyariyosakên lêlampahanipun piyambak-piyambak, tiyang sakawan sami pangunguning manahipun, sarêng sampun dumugi anggèning nyariyosakên lêlampahanipun piyambak-piyambak, lajêng dipun ajak dhatêng pondhokanipun Ki Jasana, Kramaleya tuwin Ki Jasana lajêng sami angrasuk panganggèn kados panganggenipun tiyang

--- 1 : 84 ---

kêkesahan, pênthul têmbêm sapirantosipun, katilar wontên ing ngriku kemawon, sadaya lajêng pangkat, sadumuginipun pondhokan, Kramaleya lajêng anêbahi ambèn, ingkang gadhah griya tumut ribut angêdal-êdalakên bantalipun ingkang katata wontên ing patanèn, Ki Jasana angindêl toya kasambi kalihan olah-olah, Kramaleya lajêng dhatêng warung têtumbas kabêtahanipun tiyang gêgriya, sarêng sampun dhatêng, tumbasanipun kapasrahakên dhumatêng Ki Jasana, kapurih ngolah, semahipun ingkang gadhah griya ugi angrencangi anggènipun olah-olah Ki Jasana, sarêng sadaya sampun matêng, lajêng katêdha tiyang gangsal kalêbêt ingkang gadhah griya, salêbêtipun sami nêdha, Kramaleya anyariyosakên anggènipun amadosi tiyang kalih wau, sanadyan cariyosipun botên dipun têmaha adamêl lêlucon, ananging sarèhne labanipun tiyang dhusun, ingkang sami mirêng ngantos botên kobêr nêdha, pijêr anggêgujêng dhatêng Kramaleya kemawon, dalah ingkang gadhah griya ingkang salaminipun botên nate gumujêng, ngantos tumut gumujêng kapingkêl-pingkêl.

Sasampunipun anggèning sami nêdha, tirahaning sêkul ulam lajêng kapurih nêdha saanak semahipun ingkang gadhah griya, tiyang gangsal lajêng sami ngaso tilêman, saking sampun sami katandhêgan sayah saha arip, botên dangu sadaya lajêng tilêm [tilê...]

--- 1 : 85 ---

[...m] kapati, namung ingkang gadhah griya piyambak ingkang dèrèng tilêm, malah ngantos sadalu muput namung ajêgrêg linggih kemawon.

Sarêng wanci bangun enjing, tiyang sakawan sampun sami tangi, sarta sapintên bingahing manahipun, dene satanginipun tilêm wedangipun sampun dipun rukti ingkang gadhah griya, tirahaning pangananipun ugi kacawisakên malih, mila Kramaleya tansah angalêmbana dhatêng ingkang gadhah griya wau, sadèrèngipun sami angombe wedang, tiyang sakawan sami sêsuci dhumatêng ing lèpèn, sarampunging sêsuci lajêng wangsul malih, sadaya lajêng kêpung wontên ing ambèn sami wedangan, kasambi angrêmbag sakecanipun anggèning badhe wangsul dhumatêng ing Panaraga. Rêmbagipun Kramaleya sarèhning prêlunipun sampun kacêpêng, badhe ngêntosi punapa malih, mila prayogi mangkat enjing punika kemawon, mangke sontên sagêda dumugi kitha Panaraga, sanajan ragi kadaloskadalon. sawatawis, sarèhning môngsa padhang bulan, malah sakeca lampahipun, tiyang tiga sampun sami anyondhongi, sarampungipun anggèning dandan, lajêng pamitan ingkang gadhah griya sarta ingkang gadhah griya dipun tilari pituwas sawatawis supados dados bingahing manahipun. Tiyang sakawan lajêng sami mangkat. Ingkang gadhah griya angêtêrakên ngantos sawatawis têbih saking griyanipun.

--- 1 : 86 ---

Botên kacariyosakên wontênipun ing margi, sarêng wanci bakda ngisa tiyang sakawan sampun dumugi ing kitha Panaraga, Ki Tanujaya, Bagus Burham, tuwin Ki Jasana, lajêng sami anjujug ing pondhokan, namung Kramaleya ingkang anjujug ing griyanipun piyambak, sarêng sampun aso lajêng lapur dhumatêng kangjêng kyai, anggènipun mêntas kautus, sarampunging prêlunipun, lajêng kadhawuhan tumut anjagongi dhumatêng ing pondhokan, benjing enjing tiyang tiga kadhawuhan nyowanakên kangjêng kyai, Kramaleya matur sandika lajêng mêdal.

Kangjêng Kyai Imam Bêsari dhawuh dhumatêng ingkang garwa, Bagus Burham sakancanipun ingkang sawêg dhatêng wau, kadhawuhan maringi sêkul ulam ingkang eca-eca, sarta wedang panganan sapirantosipun, ingkang garwa angèstokakên, Ki Tanujaya tuwin Ki Jasana sami dipun paringi gantèn, andadosakên kabingahanipun ingkang sami dipun paringi.

Nalika sawêg dhatêngipun Bagus Burham sarowangipun, wêgdal samantên ing pondhok sawêg rame-ramenipun para murid sami andêrês Kuran, sarêng sumêrêp Bagus Burham saha Ki Tanujaya dhatêng, anggèning ngaji lajêng kèndêl, sami amurugi dhatêng palinggihanipun Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham, pating tèmplèk kados anak putunipun piyambak, kalêrêsan ing wêgdal wau sadaya dèrèng wontên ingkang sami nêdha, mila lajêng sami dipun [di...]

--- 1 : 87 ---

[...pun] ajak nêdha sêsarêngan, ingkang pancèn gadhah cawisan lajêng angêdalakên cawisanipun piyambak-piyambak, ingkang sami botên gadhah cawisan lajêng kapurih nêdha sawontênipun paringipun kangjêng kyai wau, sadaya sami pating kêcapah sampun botên wontên èwêd pakèwêdipun, Ki Jasana sakalangkung pangunguning manahipun, dene rare samantên kathahipun têka sami lulut sadaya dhatêng Ki Tanujaya, sabibaring nêdha, sarta sasampunipun nyingkir-nyingkirakên wadhahipun wau, lajêng wangsul sami pating tèmplèk dhatêng Ki Tanujaya malih, Ki Tanujaya lajêng anyariosakên lêlampahanipun sakesahipun saking Panaraga, ingkang sami dipun cariyosi kathah ingkang sami ambrêbês mili, ngantos sadalu muput botên wontên ingkang sami karaos ngantuk, sarêng sampun bangun enjing sadaya lajêng sêmbahyang dhatêng masjid, dèrèng sapintêna dangunipun anggèning sami sêmbahyang, lajêng katungka rawuhipun kangjêng kyai.

Sabakdaning sêmbahyang, lajêng sami wiwit ngaji dhumatêng ing surambi, pangajinipun Bagus Burham saya kantun kalihan kancanipun, môngka nalika dèrèng kesah saking Panaraga, pangajinipun sampun ragi mèmpêr, pancèn kenging dipun ajêng-ajêng tumuntên sagêd, sapunika malah glogab-glagêb, kados tiyang kabalabak ing toya, ewadene saking ajrihipun, ngantos sabakdanipun ngaji botên ngadêg-ngadêg, ngantos badhe toyan kemawon [ke...]

--- 1 : 88 ---

[...mawon] dipun ampêt.

Sarêng sampun sami kèndêl anggènipun ngaji, Ki Tanujaya kuwintuwin. Ki Jasana, sami dipun bagèkakên kalihan kangjêng kyai, aturipun, angsal pangèstunipun kangjêng kyai sami ginanjar wilujêng, Kangjêng Kyai Imam Bêsari lajêng andangu malih kalihan gumujêng, sakesahipun Ki Tanujaya saking Panaraga, punika ingkang dipun jujug sintên, sarta salêbêtipun kêkesahan, kadospundi kawontênanipun Bagus Burham, Ki Tanujaya lajêng angaturakên lêlampahanipun sadaya, wiwit lolos saking Panaraga ngantos dumugi wangsulipun punika, botên wontên ingkang kalangkungan, kangjêng kyai sarêng mirêngakên aturipun Ki Tanujaya wau, raosing panggalihipun trênyuh sangêt, sarta katingal wêlasipun dhatêng Bagus Burham, pangudaraosing panggalih: amêmuji mugi-mugi wontêna pitulunging Pangeran aparing kanugrahan dhumatêng Bagus Burham, kadosdene wêcanipun para linangkung ingkang sampun dipun mirêngakên, anamung ing lair sakalangkung pamêthèsipun dhatêng ing pangajaran.

Kangjêng kyai lajêng gêntos dangu dhumatêng Ki Jasana, kadospundi lêlampahanipun angyèninganggèning. kautus amadosi Bagus Burham, Ki Jasana ugi lajêng ngaturakên lêlampahanipun wiwit mangkat saking nagari Surakarta ngantos dumugi ngadhêp wontên ngarsanipun kangjêng kyai punika, rèntès botên wontên ingkang kalangkungan [kalangkung...]

--- 1 : 89 ---

[...an] satunggal-tunggala, satêlasing aturipun Ki Jasana wau sadaya, botên ngamungakên kangjêng kyai kemawon ingkang kawêdal anggarapi dhatêng Kramaleya, sadaya pinisêpuh ugi sami tumut anggarapi, mila ing wêgdal wau ingkang wontên salêbêting masjid sami gêr-gêran anggêgujêng dhatêng Kramaleya, langkung malih sarêng Kramaleya takèn dhatêng Bagus Burham, benjing punapa anggènipun kesah malih kantênanipun anggèning tata-tata badhe amadosi, wicantênipun makatên wau tiyang samêsjid sami gumujêng sadaya.

Sakèndêlipun gêgujêngan, kangjêng kyai dhawuh dhumatêng Ki Tanujaya, sapunika dosanipun dipun paringi pangapuntên, namung ing wingking kemawon dipun èngêt-èngêta, sampun ngantos gadhah patrap kados ingkang sampun-sampun, aturipun Ki Tanujaya sêndika sumêdya angèstokakên.

Sasampunipun kangjêng kyai anyêrêp-nyêrêpakên dhatêng Ki Tanujaya, lajêng dhawuh dhumatêng Ki Jasana, sarèhning sapunika Bagus Burham sampun pinanggih, sarta sampun wangsul dhumatêng ing Panaraga malih, Ki Jasana samôngsa sampun ngaso sawatawis dintên lajêng kalilan wangsul dhumatêng ing nagari Surakarta, punapa kawontênanipun kadhawuhan lapur Radèn Tumênggung Sastranagara, Ki Jasana matur sêndika, ing wêgdal wau lajêng sami kadhawuhan bibaran.

Sarêng sampun rêrêm sawatawis dintên, Ki Jasana nyuwun pamit [pa...]

--- 1 : 90 ---

[...mit] wangsul dhumatêng ing nagari Surakarta, Kangjêng Kyai Imam Bêsari anglilani, sarta dipun bêktani kintunan warni-warni wêdalan ing kitha Panaraga, kadhawuhan ngaturakên dhumatêng Radèn Tumênggung Sastranagara, mawi dipun bêktani rencang tiyang kalih, sasampunipun winêling-wêling, Ki Jasana lajêng mangkat.

Botên kacariyosakên enggal lamènipun sarta kawontênanipun wontên ing margi, dumugi ing nagari Surakarta, sampun wanci sontên, kalêrêsan ing wêgdal wau Radèn Tumênggung Sastranagara sawêg lênggahan wontên ing pandhapa, kalihan ingkang putra Mas Ngabèi Rônggawarsita, sawêg sami angudaraos bab kesahipun Bagus Burham, dèrèng ngantos dumugidangu. kasaru dhatêngipun Ki Jasana, ingkang sawêg lêlênggahan sarêng uninga dhatêngipun Ki Jasana, sami botên sarônta lajêng dipun timbali dhatêng palênggahanipun, kadangu kadospundi kabaripun Bagus Burham, ingkang dinangu angaturakên lêlampahanipun anggèning kautus amadosi dhumatêng ingkang wayah Bagus Burham wau, botên wontên ingkang kalangkungan.

Radèn Tumênggung Sastranagara saha Mas Ngabèi Rônggawarsita amirêngakên aturipun Ki Jasana sadaya wau, raosing panggalih bingah angêmu sungkawa, bingahipun dene ingkang wayah sampun sagêd pinanggih, sungkawanipun, awit saking lêlampahanipun ingkang wayah wontên ing purug sakalangkung anggèning

--- 1 : 91 ---

mêmêlas, sarta adamêl trênyuhing panggalih, dados sakalihan namung sami sumendhe dhumatêng ingkang damêl gêsang, namung ragi wontên lêjaring panggalihipun sawatawis, dening ingkang wayah sapunika sampun wangsul malih dhumatêng ing kitha Panaraga, wusana Ki Jasana lajêng kadhawuhan ngaso dhumatêng ing griyanipun, sarta abdinipun Kangjêng Kyai Imam Bêsari ugi sami kadhawuhan ngaso dhumatêng griyanipun Ki Jasana pisan.

Sarêng Ki Jasana sampun ngaso sawatawis dintên, prasasat rintên dalu lajêng botên kenging pisah kalihan Radèn Tumênggung Sastranagara, dipun dangu-dangu kawontênanipun Ki Jasana saha kawontênanipun Ki Tanujaya, punapadene kawontênanipun ingkang wayah, ingkang dinangu angaturakên sadaya lêlampahanipun, saha lêlampahanipun Ki Tanujaya tuwin Bagus Burham ingkang sampun dipun sumêrêpi piyambak, saha ingkang dipun mirêng-mirêngakên.

Antawis pitung dintên saking dhatêngipun Ki Jasana, abdinipun Kangjêng Kyai Imam Bêsari sami kadhawuhan mantuk dhumatêng ing kitha Panaraga, Radèn Tumênggung Sastranagara gêntos angaturakên angsul-angsul warni pangagêman wêdalan ing nagari Surakarta, punapadene maringi pakintun warni-warni dhumatêng ingkang wayah.

Kacariyos, sawangsulipun Bagus Burham, pangajinipun saya bibrah botên wontên ingkang kalêbêt ing manah babar pisan,

--- 1 : 92 ---

mênggah ingkang makatên wau, sanajan kangjêng kyai botên kêkilapan dhatêng sadaya ingkang badhe dhumawah dhumatêng Bagus Burham, ananging mêksa taksih dipun pêthès sangêt, malah kadhingkala asring dipun slênthiki kupingipun, ewadene Bagus Burham botên pisan-pisan anggatosakên dhatêng pitutur prayogi, ingkang dipun rêmêni namung dhatêng pandamêl maksiyat, sabên dintên botên gothang kêplèk yatra kalihan kônca-kancanipun ingkang ugi sampun kalajêng rêmên dhatêng pandamêl maksiyat, botên ketang dhêlik-dhêlik dipun têmaha.

Taksih tunggil taun kalihan mantukipun Bagus Burham saking kitha Madiun, ing Panaraga kadhatêngan pacêklik, sadaya sabin-sabin ingkang sampun dipun tanêmi, sami kaambah ing ama mênthèk saha lodhoh, sarta walangsangit sapanunggilanipun, botên wontên ingkang sami nêdha pantunipun, amila tiyang alit ingkang panggêsanganipun sami tanèn, sami anandhang prihatos manahipun, ing padhusunan sami katingal mamring ical mathinipun, ing pundi-pundi kathah para rare saha tiyang sêpuh ingkang kalirên labêt saking kêluwèn, sambatipun para tiyang alit ingkang sami kêkirangan têdha, adamêl trênyuhing manahipun ingkang sami mirêngakên, namung para priyantun saha para sudagar, punapadene para tiyang salêbêting kitha ingkang taksih lumampah pandamêlanipun, botên patosa karaos manahipun,

--- 1 : 93 ---

ingkang dipun sumêrêpi amung awising rêrêgèn uwos, ingkang suwau sadangang namung rêgi: 3 wang, nyêngkanipun: 4 wang, sapunika dados rêgi: 12 wang, ingkang makatên wau ing atasipun tiyang ingkang taksih sagêd tumbas, botên sapintêna raosing manahipun, namung Kangjêng Kyai Imam Bêsari sanajan botên kêkirangan samukawis, ewadene inggih sakalangkung prihatosing panggalihipun, ingkang dipun kuwatosakên ambokmanawi pacêklik wau ngantos anglantur, pintên-pintên taun, botên wande inggih tumut kêkirangan têdha, mila lajêng parêpatan kalihan para pinisêpuh, sami kadhawuhan budidaya kadospundi sakecanipun ingkang dipun lampahi, sampun ngantos kalajêng-lajêng pacêklik punika ngantos adamêl kasangsaranipun para murid-murid ingkang jalaran kêluwèn, aturipun para pinisêpuh awarni-warni, wontên ingkang gadhah pamanggih paring sumêrêp dhatêng tiyang sêpuhipun, wontên ingkang gadhah pamanggih nyuwun biyantu têdha pitulunganipun parentah, wontên ingkang gadhah pamanggih sêtiyar piyambak, putusanipun kangjêng kyai, ingkang dipun agêm namung sêtiyar piyambak punika wau, inggih punika para murid sami kadhawuhan musapir dhatêng para priyantun, dhatêng para hartawan, sarta dhatêng para sudagar, punapadene dhatêng sanès-sanèsipun ingkang sakintêna angendahakên dhatêng kabangsan, mawi dipun bêktani cathêtan kangge tôndha astanipun ingkang sami amaringi, [a...]

--- 1 : 94 ---

[...maringi,] sapintên angsal-angsalanipun lajêng kaklêmpakakên, bilih sampun anglêmpak, lajêng kangge sudhiyan têdhanipun para murid-murid sadaya, ingkang supados sampun ngantos adamêl rêkaos ing sadayanipun, sadaya sampun sami anyondhongi, ingkang badhe anglampahi inggih sampun sagah, dene lampahipun dipun tata sadintên edhang, kala samantên cacahing rare wontên kawan dasa satunggal, dados sapalihipun wontên kalih dasa malang satunggal, amila ingkang saperangan kalih dasa, ingkang saperangan sêlikur, rare kalih dasa utawi salikur wau pundi ingkang gadhah lampah musapir lajêng kapara sakawan, ingkang saperangan mangetan, ingkang saperangan mangilèn, ingkang saperangan mangalèr, ingkang saperangan mangidul, sami ambêkta cathêtan kangge pèngêtan cacahipun ingkang sami amaringi, Bagus Burham dhawah golongan ingkang cacahipun wontên salikur, ingkang gangsal wêlas tigang perangan alit, ingkang saperangan wontên cacah nênêm, Bagus Burham kadhawahakên ing perangan alit, ingkang cacahipun nênêm.

Tiyang sakitha Panaraga, para priyantun, para hartawan, para sudagar, sarta sanès-sanèsipun, sadaya sami angaosi dhatêng lêlabêtaning Kangjêng Kyai Imam Bêsari, botên ngamungakên para priyantun saha para sudagar kemawon, malah para liyan bôngsa ugi sami angaosi, pundi ingkang dipun dhatêngi

--- 1 : 95 ---

para murid-murid ingkang sami bêkta tèkênan musapir wau, anggèning nyukani sami jor-joran kathahipun, angsal-angsalanipun ingkang wujud yatra kemawon, botên kirang saking kalih dasa rupiyah sadintên, samantên wau dèrèng metang ingkang wujud uwos saha lisah, amila kawontênanipun ing pacêklik, sanajan ing pundi-pundi kathah ingkang sami kaluwèn, namung ing pondhok piyambak ingkang botên kêkirangan samukawis.

Nalika sawêg sadintên kalih dintên dumugi sawulan, golonganipun Bagus Burham, angsal-angsalanipun anggèning musapir, sami racak-racak kalihan kancanipun, ananging dangu-dangu namung angsal sakêdhik piyambak, malah lajêng botên angsal babar pisan, andadosakên pamuring-muringing manahipun juru anampèni, saupami botêna bêkta sêrat cathêtan, kamanah angsal-angsalanipun kasalingkuhakên, sarêng cathêtanipun inggih kothong yêktos, dados namung dipun kintên botên lumampah kemawon, mila ngantos dipun srêngêni kathah-kathah, mênggah pangintênipun juru nampèni ingkang makatên wau, sayêktosipun pancèn botên nalingsir, awit Bagus Burham sakancanipun rare nênêm, sabên anglampahi tampi musapir lajêng nyalèwèng dolan sakajêng-kajêngipun piyambak, adhakanipun wontên pinggir lèpèn, sami mèmèt ngupados ulam, patrap makatên punika dangu-dangu kamirêngan Kangjêng Kyai Imam Bêsari, nanging sarèhne [sarèh...]

--- 1 : 96 ---

[...ne] kangjêng kyai dèrèng uninga piyambak, dados dèrèng sagêd aparing dêduka utawi amidana dhumatêng rare nênêm wau, nanging lajêng sami kadhawuhan ngulat-ulatakên, samôngsa Bagus Burham sarowangipun rare nênêm sami botên angèstokakên saha botên têmên-têmên dhatêng pandamêlanipun, kadhawuhan angaturi uninga kangjêng kyai, kangjêng kyai badhe uninga piyambak, sarta lajêng badhe dipun paringi pidana ingkang sakalangkung awrat.

Sanès dintên tampinipun musapir Bagus Burham sakancanipun, ingkang tigang golongan sami anglampahi tumêmên ing manahipun, pamrihipun sami anyadhang angsala pangalembana dhumatêng juru nampèni, utawi pangalembananipun Kangjêng Kyai Imam Bêsari, namung Bagus Burham sakancanipun rare nênêm, sami ajak-ajakan dhatêng lèpèn, amargi gadhah padikan suwakan ingkang sampun wontên ulamipun kathah, sami ayon badhe dipun tawu, kalampahan rare nênêm sami dhatêng lèpèn anawu suwakan, suwakan ingkang dipun tawu wau ulamipun kathah sayêktos, saking kathahipun, ngantos kabêkta rare kalih taksih kawratên, ulam samantên wau lajêng kasade dhatêng pêkên, pêpajênganipun sami pun bage rare nênêm, namung sami dipun angge jajan piyambak, tirahanipun lajêng dipun angge gimêr.

Panawunipun suwakan Bagus Burham sakancanipun, ngantos dumuginipun [dumu...]

--- 1 : 97 ---

[...ginipun] anggèning sami gimêr dipun kodhol piyambak dening kangjêng kyai, sarêng wancinipun sampun badhe mantuk, kangjêng kyai lajêng ngrumiyini kondur, sarêng rare nênêm wau sampun sami mantuk, lajêng dipun timbali, sarta dipun dangu pajêng pintên panyadenipun ulam, rare nênêm sami botên sagêd matur namung tumungkul kemawon, amila lajêng dipun gêbagi ing panjalin, sarêng sampun sami matur kapok, lajêng kaukum kadhawuhan angêbaki padasan, môngka padasanipun kangjêng kyai wau sadaya cacahipun pitupitung. iji, ingkang badhe angisèni namung rare nênêm, dados manawi padasan satunggal dipun isèni ing rare satunggal taksih malang padasan satunggal, ingkang satunggal punika sami iyon sintên ingkang kajibah angisèni, Bagus Burham lajêng ngêdalakên pamanggih, mêndhêt rumput lulangan nêm lênjêr, ingkang gangsal dipun bundhêli nyatunggal, ingkang satunggal dipun bundhêli kalih, rumput wau bundhêlanipun dipun gêgêm dening Bagus Burham, kancanipun sami dipun purih dudut, pundi ingkang pandudutipun angsal bundhêlan kalih, inggih punika ingkang angisèni padasan kalih, rare gangsal lajêng sami andudut, ananging pandudutipun sadaya namung isi bundhêlan nyatunggal, ingkang bundhêlan kalih taksih kantun wontên gêgêmanipun Bagus Burham, mila Bagus Burham lajêng katêksa angisèni padasan kalih wau.

Nalika rare-rare sami dêrdah anggèning badhe angisèni padasan [pa...]

--- 1 : 98 ---

[...dasan] wau, kangjêng kyai taksih lênggah wontên ing pandhapa, dados inggih uninga kawontênanipun ingkang sami dipun dêrdah. Sarêng Bagus Burham kajidhêg angisèni padasan kalih, kangjêng kyai ngantos gumujêng kalihan angèrang-erang Bagus Burham, dipun pangandikakakên, kala wau mêntas nawu suwakan, sapunika nawu sumur.

Saya lami Bagus Burham saya botên manah babar pisan dhatêng pasinaonipun ngaji, rintên dalu ingkang dipun agêngakên namung dhatêng pandamêl maksiyat, Ki Tanujaya ngantos rumaos wêgah amituturi, saking lingsêm saha ajrihipun dhatêng kyai, ngantos kasupèn dhatêng nêdha, manahipun sakalangkung prihatos, rintên dalu prasasat botên nate tilêm, makatên ugi kangjêng kyai, sarêng Bagus Burham sampun têtela botên kenging dipun ajar sae, panggalihipun saya botên sakeca, mupung dèrèng kalajêng-lajêng kaparêngipun namung badhe dipun antukakên kemawon, amargi botên tahan mirêng wêwadulipun para pinisêpuh ingkang sami kadhawuhan angapèn-apèni, wasana Bagus Burham lajêng dipun timbali, sarêng sampun sowan, para pinisêpuh saha ingkang sami ngadhêp, sadaya sami kadhawuhan mundur, namung Ki Tanujaya piyambak ingkang lajêng nyalimpêt angintip-intip, aling-alingan uwit jambu drêsana, badhe mirêngakên kadospundi dêdukanipun kangjêng kyai, sarêng kangjêng kyai mariksani kiwa têngên sampun [sampu...]

--- 1 : 99 ---

[...n] botên wontên tiyang, Bagus Burham lajêng dipun dukani, pandanguning dêduka ririh, nanging adamêl tatuning manah, ngantos dipun dhawuhi, manawi kapengin badhe pados warok, kangjêng kyai kaparêng nglantarakên, badhe dipun paringakên dhatêng Têgarèn, inggih punika panggenanipun para pêthut sarta gêgununganing para begolbegal. kècu, Bagus Burham ngantos nangis, lajêng kalilan mundur.

Wêkdal wau Bagus Burham wiwit dipun paringi èngêt dening Pangeran, gadhah rumaos lingsêm sangêt dipun paringi pangandika ingkang makatên wau, saking lingsêmipun, ngantos kawêdal wicantênipun dhatêng Ki Tanujaya, bilih anggènipun sinau ngaji botên tumuntên sagêd, isin mantuk dhumatêng nagari Surakarta, mêdaling wicantênipun Bagus Burham ingkang makatên punika, Ki Tanujaya ngantos kumêpyur manahipun, Bagus Burham lajêng dipun rangkul kalihan dipun tangisi, kala samantên umuripun Bagus Burham kirang langkung sawêg gangsal wêlas taun.

Bagus Burham gadhah panêdha dhatêng Ki Tanujaya, sabên dalu kapurih ngêtêrakên dhatêng têmpuran lèpèn Watu, badhe anglampahi kungkum sakuwawinipun, sarta salêbêtipun anglampahi, sampun ngantos dipun cawisi barang-barang, ingkang katêdha namung pisang kaluthuk mêntah sadintên sadalu saulêr, Ki Tanujaya anyagahi sarta anjurungi sangêt, dhatêng osikipun Bagus Burham ingkang utami wau. Kalampahan Bagus Burham sabên dalu kungkum dhatêng lèpèn Watu, [Wa...]

--- 1 : 100 ---

[...tu,] Ki Tanujaya botên pisah akêkinthil kalihan ambêkta prabot ingkang badhe dipun angge santun, sadangunipun Bagus Burham anglampahi kungkum wau, ingkang kaèsthi botên wontên malih kajawi nyuwun dhatêng ingkang damêl gêsang tumuntêna pinaringan sagêd anggènipun sinau ngaji, sanajan Bagus Burham dèrèng sumêrêp bongkot pucukipun anglampahi, ewadene sarêng sampun kapèpèt, anggèning anglampahi lajêng botên kengguh dhatêng wêwêrnèn ingkang amêmengin manahipun, ngantos sagêd dumugi kawan dasa dintên laminipun, sarêng namung kantun sadalu, Bagus Burham dipun tari kalihan Ki Tanujaya, mangke dipun liwêtakên punapa ajêng, wangsulanipun Bagus Burham ajêng, nanging panêdhanipun mangke samôngsa sampun mêntas saking kungkum, dados jangkêp angsal kawan dasa dalu, tiyang kalih lajêng sami mangkat dhatêng lèpèn kados sabênipun, Ki Tanujaya ambêkta kêndhil kalihan uwos, katakêr satuwukipun dipun têdha tiyang kalih, kalihan ambêkta lawuh sawontênipun. Sadumugining lèpèn, Bagus Burham lajêng wiwit kungkum, Ki Tanujaya ripik-ripik ngupados kajêng sakiwa têngênipun ing lèpèn ngriku, sarêng sampun angsal kamanah cêkap dipun angge ngliwêt, lajêng cêthik latu, ingkang dipun angge kêrên mêndhêt sela sacêlaking palinggihanipun kemawon, sarêng latunipun sampun murup, uwosipun lajêng dipun pususi, pambêthaking uwos kasarêng kalihan toyanipun, sarêng pangliwêtipun sampun [sampu...]

--- 1 : 101 ---

[...n] mêndhak, lawuhipun botên wontên, dipun upadosi sakiwa têngênipun ing ngriku botên pinanggih, kakintên dhawah wontên ing mêrgi kemawon, nanging lajêng botên dipun luru.

Sarêng sampun lingsir dalu Bagus Burham sagêd tilêm sak lêran, saking dayanipun botên nate sagêd tilêm, dados raosing badanipun kados tilêm ingkang mawi lèmèk gêlaran, makatên malih Ki Tanujaya, sarêng liwêtipun sampun mêndhak maripatipun karaos arip sangêt, tansah ngantuk, botên kenging dipun sayuti, dangu-dangu lajêng katilêmakên, awakipun kasèndhèkakên ing sela ingkang botên têbih kalihan palinggihanipun, sawêg angsal sak lêran, rumaos mirêng ungêling mariyêm ingkang bantêr sangêt suwaranipun, sanalika lajêng tangi aguragapan, satanginipun tilêm lajêng botên mirêng suwara punapa-punapa, kajawi namung kumriwiking toya mili, sarta suwaraning angkup pating karêlèk kados suwaraning kuthuk amadosi babonipun, Ki Tanujaya anuwèni Bagus Burham, nanging taksih katinggal tilêm, mila lajêng wangsul dhatêng palinggihanipun malih, botên watawis dangu sumêrêp wêwêrnèn kados rêmbulan, agêngipun saklapa, saking nginggil cumlorot dhawah salêbêting kêndhil, sapangsarêng. sumêrêp wêwêrnèn makatên wau, badanipun sakojur sami anjêkêrut, raosipun kados garinggingên, sukunipun kalih pisan sami ngoplok dhèngkèlên,

--- 1 : 102 ---

kringêtipun gumrobyos kados tiyang adus, sirahipun karaos kêmêl anggaringging, rumaos mindhak agêngipun, nanging dangu-dangu lajêng pulih malih botên gadhah raos punapa-punapa, sarêng manahipun sampun rêrêm, liwêtipun lajêng dipun junjung kasandhing wontên paliggihanipun, sakêdhap-kêdhap dipun mèk-mèki, bokmanawi kuwatos manawi ical.

Salêbêtipun Bagus Burham tilêm, supêna dipun panggihi ingkang êmbah buyut Kyai Ngabèi Yasadipura, wontênipun ing supênan, kadhawuhan mènglèng badhe dipun paringi dhawuh, sarêng sampun mènglèng, Kyai Ngabèi Yasadipura lajêng lumêbêt dhatêng talinganipun Bagus Burham, wusana Bagus Burham lajêng nglilir, sarta lajêng mêntêsmêntas. amurugi dhatêng palinggihanipun Ki Tanujaya, nêdha santun panganggèn kados sabênipun, sarêng anggènipun santun sampun rampung, lajêng kapurih nêdha, nanging dipun sanjangi botên mawi lawuh, awit lawuhipun punika wau rêntah wontên ing mêrgi, wangsulanipun Bagus Burham, botên dados punapa, ingkang ugêr sêkul, sarèhning botên bêkta ajang, dados panêdhanipun dipun iras wontên ing kêndhil kemawon, sarêng panêdhanipun sampun sawatawis pulukan, tanganipun kraos nyêpêng wêwêrnèn nanging sanès grayangipun sêkul, sarêng dipun inggahakên, jêbul ulam wadêr agêngipun satêbah, sanalika dipun sumêrêpakên dhatêng Ki Tanujaya, Ki Tanujaya rewa-rewa sangêt pangungunipun, [pa...]

--- 1 : 103 ---

[...ngungunipun,] nanging ing batos sampun angintên bilih punika wahananipun ingkang cumalorot punika wau, mila lajêng amituturi dhatêng Bagus Burham, ulam wau kapurih nêlasakên sadaya.

Labanipun sampun kawan dasa dintên botên kalêbêtan sêkul, dados ing wêgdal wau panêdhanipun kraos eca saha amiraos, dangu-dangu sêkul sakêndhil têlas dipun têdha sadaya, namung kantun intipipun kemawon, dalah ulamipun ugi dipun têlasakên, namung êndhas kalihan kèpèt ingkang botên katut dipun têdha, dene intip saha êndhasing ulam sakèpètipun wau, lajêng dipun têdha dening Ki Tanujaya sadaya, saking cariyosipun inggih uhiugi. kraos eca sangêt, malah pangraosipun saking ecanipun salaminipun dèrèng nate angraosakên têtêdhan ingkang raosipun angungkuli punika, sarampungipun anggèning sami nêdha, Bagus Burham lajêng anyariyosakên supênanipun, Ki Tanujaya lajêng gêntos anyariyosakên wêwêrnèn ingkang sampun dipun sumêrêpi. Tiyang kalih lajêng sami angucap sukur ring Pangeran.

Ing wêkdal wau sawêg antawisipun jam tiga dalu, mila lajêng sami gêgancangan mantuk dhatêng ing pondhokan, sadumugining pondhokan sadaya taksih sami tilêm, tiyang kalih dados lajêng [la...]

--- 1 : 104 ---

[...jêng] sami andumugèkakên tilêm malih, tanginipun angajêngakên wanci subuh.

Satanginipun tilêm, tiyang kalih sami rumaos angsal kanugrahaning Pangeran, Bagus Burham kaparingan ilham sagêd sumêrêp dhatêng kasusastran kalayan botên sarana mawi dipun ajar, sastra Arab, Jawi, Walandi, satêmbungipun pisan, lajêng botên rumaos angèl maos kitab Kuran, dalah samaknanipun pisan, Ki Tanujaya angsal kanugrahaning Pangeran mangrêtos dhatêng wicantênipun kutu-kutu walang angataga,antaga. nanging sarèhne labanipun tiyang sêpuh ingkang sampun botên kewran dhatêng sadaya kagunan, dados wêwahing kanugrahan wau manahipun saya sakalangkung mênêp.

Sarêng sampun wancinipun dhatêng mêsjid, Bagus Burham sakancanipun lajêng sami pangkat, para kancanipun sami ambêkta Kuran kangge ngaos mangke sabakdanipun subuh, Bagus Burham ingkang kabêkta kitab kalihan Kuran, mila sami dipun garapi dening para kancanipun wau, sarêng sampun dumugi ing mêsjid, sadaya lajêng sami wiwit sêmbahyang kados adat, dèrèng sapintêna dangunipun, lajêng katungka rawuhipun kangjêng kyai, nalika kangjêng kyai sawêg jumangkah ing masjid, sakalangkung pangunguning panggalihipun, dene thèrèkaning rare-rare ingkang sami sêmbahyang wau, dipun pariksani saking wingking sirahipusirahipun. wontên ingkang katingal [katinga...]

--- 1 : 105 ---

[...l] sumorot kados mawa cahya, nanging kangjêng kyai dèrèng sagêd nyatakakên sintên ingkang sirahipun mawa cahya wau. Amargi kajawi taksih rêpêt-rêpêt anggènipun mariksani namung saking wingking, dados botên patos têrang dhatêng rarenipun, dene ing wêgdal wau kangjêng kyai lajêng têrus dhatêng ing pangimanan kemawon, sabakdanipun sêmbahyang, kangjêng kyai lajêng lênggah ing surambi kados sabênipun, amariksani para murid-murid ingkang sami ngaji, pangajinipun Bagus Burham manggèn wontên ing wingking piyambak, saking kathahipun ingkang sami ngaji, suwantênipun ngantos gumarênggêng angumandhang, ingkang suwaranipun sae ulonipun sami dipun umbar, supados angsala pangalêmbana saening swaranipun, sadangunipun kangjêng kyai mirêngakên pangajinipun para murid-murid wau salêbêting panggalih ragi wontên ingkang dipun raosakên, dening mirêng sakecaning suwantênipun murid saha cêthaning pakêcapanipun ingkang adatipun botên nate wontên kados ingkang nêmbe kamirêngakên punika, mila sadaya ingkang sami ngaji lajêng dipun dhawuhi kèndêl, sadaya lajêng cêp botên wontên sabawanipun, sarêng sampun sami dipun pariksani, lajêng kadhawuhan ngaji malih, nanging sami kadhawuhan gêntos-gêntos satunggal-satunggal kemawon, ingkang dipun dhawuhi sami angèstokakên, sarêng uruting pangajinipun dhawah Bagus Burham, sadaya kancanipun sami botên mêntala aningali, dening botên wande namung [na...]

--- 1 : 106 ---

[...mung] dipun undhamana kalihan para pinisêpuh kados sabênipun, mila lajêng sami adhingkluk ngiling-ilingi Kuranipun, sawêrni kados anyêmak, wasana pangintêning para kancanipun sadaya wau sapunika dados kosok wangsul, amargi pangajinipun Bagus Burham suwaranipun sakalangkung buntas, ingkang dipun cengkok lagon Buminatan, ing Panaraga dèrèng nate sarawungan dhatêng lagon punika, saking saening suwaranipun saha saening lagonipun, ngantos kenging dipun paribasakakên suwaranipun ulêm arum aririh, ananging angumandhang turut usuk, pakêcapanipun aksara cêtha botên anyampar, dhumawahing ayat wijang sumèlèh, tiyang samêsjid lajêng sami rumaos kasoran dening kasagêdanipun Bagus Burham, sami pating plongo kados tiyang kamitênggêngên, sanalika Bagus Burham lajêng dipun timbali majêng dhatêng ngarsanipun kangjêng kyai, kalilan linggih ajêng-ajêngan, sarêng sampun mapan lajêng kadhawuhan dumugèkakên pangajinipun, kangjêng kyai kaparêng nyimak, pangajinipun Bagus Burham sabên angsal saayat lajêng dipun maknani pisan, makatên sapiturutipun ngantos angsal satunggal jus, pakêcapanipun ingkang ngambah aksara agêng alit botên wontên ingkang lêpat, anggènipun maknani sampun dipun anggêp lêrês dening kangjêng kyai, mila ing batos kangjêng kyai sakalangkung pangunguning panggalihipun, langkung malih para pinisêpuh sarta para kancanipun, [kancani...]

--- 1 : 107 ---

[...pun,] saking sangêting pangungunipun ulatipun ngantos sami pucêt, dene botên nyana bilih Bagus Burham tampi kanugrahaning Pangeran ingkang samantên kaelokanipun.

Sarêng anggènipun ngaji sampun kèndêl, kangjêng kyai lajêng andhawuhakên dhatêng para pinisêpuh saha dhatêng para murid-murid sadaya, kaparêngipun kangjêng kyai sapunika Bagus Burham dipun paringi nama Mas Ilham, sarta dipun karsakakên dados badalipun kangjêng kyai, ingkang sami dipun dhawuhi sami matur sêndika, sarêng sampun bibaran, ingkang kaparingan salam rumiyin Bagus Burham, lajêng gêntos-gêntos para pinisêpuh kados adat.

Sapêngkêripun kangjêng kyai, para pinisêpuh sami rêbat rumiyin anggèning sêsalaman dhatêng Bagus Burham, makatên malih para murid-murid, ugi rêbatan panguswaning tanganipun ingkang nêmbe tampi kanugrahaning Pangeran, wasana Bagus Burham lajêng angsal pangaji-aji ingkang botên beda kalihan pangaji-ajinipun dhatêng Kangjêng Kyai Imam Bêsari, punapa dene solah bawanipun, lajêng santun salaga angantawisi bilih unusaning tiyang sagêd.

Kawontênanipun ing kaelokan wau, misuwuripun sampun lajêng sumêbar salêbêting kitha Panaraga, para ngalim saha para mukmin, punapa dene para santri-santri, sakiwa têngênipun ing kitha Panaraga, sami dhatêng angalab barkah dhumatêng ingkang nêmbe angsal kanugrahaning [ka...]

--- 1 : 108 ---

[...nugrahaning] Pangeran wau, sabên dintên botên wontên pêdhotipun, malah indhaking pawartos, sudaning titipan, kala samantên Bagus Burham wau sami dipun kabarakên panuksmanipun Sèh Amongraga.

Bagus Burham sarêng sampun anampèni kanugrahaning Pangeran, rêmênipun dhatêng pandamêl maksiyat lajêng sirna kados dipun saponi, nakaling manahipun lajêng dados tiyang sarèh, alêmbah manah, tabiyatipun lajêng malih kados tiyang muslimin, rintên dalu namung tansah andêrês Kuran kemawon, kèndêl-kèndêlipun bilih nuju sêmbahyang utawi nuju nêdha, manawi malêm Jumuwah saha Anggara Kasih, anggèning ngaji ngantos sadalu muput, sabên sawulan ngantos sagêd katam Kuran rambah kaping sakawan, mila kangjêng kyai lajêng katingal asihipun sayêktos.

Saya dangu kangjêng kyai saya mindhak asihipun, manawi wontên rêmbag ingkang prêlu-prêlu, ingkang babagan dhatêng pamulangipun rare-rare, utawi têtanggêlan dhatêng kasagêdanipun rare, sasêlaning anggènipun ngaji, kadhawuhan tumut angêmbat, sanajan kala samantên umuripun dèrèng jangkêp nêmbêlas taun, ewadene rêmbag-rêmbagipun sampun kêrêp dipun agêm, kabêkta saking kasagêdanipun sarta pasèhing pangajinipun, sabên dintên Jumuwah kadhawuhan anglêlantih maos kutbah, mênggah kaparêngipun kangjêng kyai ingkang makatên wau, sayêktosipun pancèn awrat sangêt manahipun, [ma...]

--- 1 : 109 ---

[...nahipun,] saha rumaos botên kaconggah anglampahi, nanging sarèhning sampun botên sagêd mingkuh, dados wontênipun namung sêndika, sarêng kacobi, saking pangraosipun ingkang sami amirêngakên, pamaosipun kudbahkutbah (dan di tempat lain). swaranipun saya tambah sae, pakêcapanipun cêtha, punapa dene sarêng pamaosipun kudbah wau, sarampungipun lajêng dipun maknani pisan, sadaya ingkang mirêngakên ngantos botên gadhah rumaos bilih sawêg Jumuwahan wontên salêbêting masjid, rumaosipun kados angadhêp wontên pangayunanipun Ingkang Maha Sukci, mila sabên-sabên ingkang maos kutbah prasasat dipun wajibakên dhatêng Bagus Burham wau, para tiyang ingkang sami Jumuwahan dhatêng masjid, paribasan kirang papan langkung tiyang, saking kathahipun ngantos ambalabar dhatêng palataran.

Nalika Bagus Burham dèrèng nampèni kanugrahaning Pangeran, rumaosipun Ki Tanujaya botên kados sapunika awrating manahipun, kala rumiyin sabên dintên plêng-plêngan ngantos sadintên muput, manahipun botên gadhah sumêlang sakêdhik-kêdhika, sarta botên nate dipun upadosi, nanging sapunika prasasat botên sagêd pisah, sabên botên katingal sakêdhap kemawon, lajêng bingung anggènipun amadosi, sadintên-dintên wontênipun namung samar, raosing manahipun kados anilar rare ingkang sawêg sagêd ambarangkang kasèlèhakên [kasè...]

--- 1 : 110 ---

[...lèhakên] wontên sapinggiring balumbang.

Pancènipun Bagus Burham anggènipun wontên ing Panaraga taksih andumugèkakên sawatawis wulan malih, badhe nêlasakên piwulangipun kangjêng kyai ingkang murakabi dhatêng manahipun, nanging sarêng wontên rêmbag ingkang botên cocog kalihan manahipun, wontên Panaraga lajêng gorèh botên kraos sakêdhik-kêdhika, mila lajêng cariyos dhatêng Ki Tanujaya, bilih sanès dintên badhe nyuwun mantuk dhatêng nagari Surakarta, Ki Tanujaya sakalangkung anayogyani.

Sanès dintên tiyang kalih lajêng sowan kangjêng kyai, Ki Tanujaya ingkang matur, saking atur panuwunipun Bagus Burham, awit saking agênging barkahipun kangjêng kyai, anggènipun anglampahi nyantri wontên ing Panaraga, angsal pangèstunipun para lêluhur sampun kalampahan tampi kanugrahaning Pangeran, sarèhne wontên Panaraga sampun sakawan taun dangunipun, saha sampun wancinipun sêlam, amila ing mangke Bagus Burham kapêksa nyuwun pamit wangsul dhatêng ing nagari Surakarta, dene kaparêngipun kangjêng kyai ingkang sampun kadhawuhakên dhumatêng Bagus Burham, Ki Tanujaya ingkang anyagahi badhe matur Radèn Tumênggung Sastranagara, supados andadosakên condhonging panggalihipun.

Mênggah aturipun Ki Tanujaya sadaya wau, dipun galih-galih

--- 1 : 111 ---

wontên lêrêsipun, makatên malih sarèhning sagah badhe amilut ingkang dados karsanipun, dados kangjêng kyai inggih botên awrat lajêng amarêngakên, nanging saking kaparêngipun kangjêng kyai, sarta saking bingah-bingahing panggalihipun, badhe mantukipun Bagus Burham dhatêng ing nagari Surakarta wau, kagungan karsa badhe dipun pasrahakên piyambak, ngiras pantês badhe tuwi ingkang raka Radèn Tumênggung Sastranagara, supados andadosakên lêganing panggalihipun, aturipun Ki Tanujaya sakalangkung amrayogèkakên, manawi makatên kapasang yogi, ing benjing kangjêng kyai sagêd amêdharakên ingkang dados raosing panggalih, Ki Tanujaya ingkang sagah ambabadi saking wingking, kangjêng kyai saya karênan panggalihipun, sarta lajêng dhawuh dhumatêng ingkang garwa, kadhawuhan tata-tata, kangjêng kyai badhe tindak dhumatêng nagari Surakarta, ingkang garwa matur sandika.

Sanès dintên kangjêng kyai bidhal dhumatêng ing nagari Surakarta. Saking kitha Panaraga dhumatêng ing nagari Surakarta, dipun tindaki dharat kemawon, prêlunipun badhe uninga têbih cêlakipun bilih dipun tindaki dharat, saha badhe mirsani kawontênanipun ing margi-margi, ngiras anglêlantih Bagus Burham, supados ing têmbe kulina dhatêng mlampah, ingkang dhèrèkakên namung para pinisêpuh saha para santana sawatawis, para abdi ingkang kadhawuhan dhèrèk antawisipun namung sadasa, ingkang dados pangajêngipun [pangajêngi...]

--- 1 : 112 ---

[...pun] Kramaleya, sami kadhawuhan bêkta bêbêktanipun Bagus Burham, tuwin angsal-angsal sawatawis wêdalan ing kitha Panaraga, tindakipun botên ngaya, namung sasêkecanipun kemawon, mila wontênipun ing margi ragi rêmbên sawatawis.

Turut margi kangjêng kyai botên kêndhat paring piwulang warni-warni dhatêng Bagus Burham, saha sabên-sabên dipun paringi sumêrêp têtuladantêtuladhan. ingkang sami dipun pariksani wontên ing margi, ingkang tampi piwulang kenging kaupamèkakên barang alit kalêbêtakên ing wadhah agêng, saking sadaya piwulangipun kangjêng kyai sami kacakup botên wontên ingkang cèwèt.

Saking rêmbêning tindakipun, saha saking kêrêpipun kèndêl, kawan dintên kawan dalu tindakipun kangjêng kyai sawêg dumugi Panambangan Bacêm, kangjêng kyai sapandhèrèk sami angasokakên sarira wontên ing pakèndêlan, sarêng sampun rêrêm, Ki Tanujaya nyuwun lilah badhe angrumiyini, prêlu angaturi uninga dhumatêng Radèn Tumênggung Sastranagara, kangjêng kyai anglilani, Ki Tanujaya lajêng mangkat, lampahipun sumêbrung kados dipun sawatakên, wanci jam sadasa siyang dumugi ing dalêm Sastranagaran, kala samantên Radèn Tumênggung Sastranagara sawêg lênggah ing pandhapa kalihan para panèwu mantri sawatawis, sami angrêmbag pandamêlan kados adat, sarêng uninga dhatêngipun Ki Tanujaya, lajêng jumênêng saking palênggahanipun lumêbêt ing dalêm, sakalihan [sakaliha...]

--- 1 : 113 ---

[...n] ingkang putra Mas Ngabèi Rônggawarsita, Ki Tanujaya sasampunipun sêsuci suku lajêng dipun timbali dhumatêng ing dalêm.

Salajêngipun Ki Tanujaya adamêl kagètipun tiyang sawawêngkon Sastranagaran sadaya, awit saking dhatêngipun botên sarêng kalihan Bagus Burham, sarta lajêng anjujug dhatêng ing dalêm kemawon, sami dipun kintên prêlunipun sangêt, panyananipun para tiyang warni-warni, wontên ingkang ngintên Ki Tanujaya dipun tundhung dening kangjêng kyai, wontên ingkang ngintên Bagus Burham sakit sangêt, sarta wontên ingkang ngintên bilih Bagus Burham tilar donya, mila para putra santana sarta para abdi-abdi sami bingung pating bilunglung,bilulung. ingkang adhêdhasar gêmbèng sami nangis pating salênggruk, para sadhèrèk lajêng sami anjirap ngajêng-ajêng kadospundi kabaripun ingkang yakin, sadangunipun Ki Tanujaya taksih wontên ing dalêm, para panèwu mantri ingkang sami anggarap pandamêlan, lajêng angèndêlakên pandamêlanipun, sami siyaga bokmanawi wontên prêlu ingkang kêdah dipun tindakakên.

Gêntos anyariyosakên ingkang wontên salêbêting dalêm, Ki Tanujaya lajêng kaparingan wedang, sarta kadhawuhan angaring-aringakên napasipun rumiyin, sasampunipun ngombe wedang tuwin napasipun sampun katingal aring, lajêng dipun dangu kawilujênganipun, saha andangu kawilujênganipun Bagus Burham, ing mangke kadospundi kawontênanipun ingkang wayah wontên [wo...]

--- 1 : 114 ---

[...ntên] ing Panaraga, sarta punapa wontên parlunipun sangêt, dene Ki Tanujaya ngantos malampah piyambak, têka botên namung kèngkènan kemawon.

Aturipun Ki Tanujaya angaturakên wilujêng botên wontên satunggal punapa, saha sapunika ingkang wayah Bagus Burham sampun wangsul dhumatêng ing nagari Surakarta, sapunika taksih kantun sawêg angasokakên sarira kèndêl wontên ing Panambangan Bacêm, dene ingkang ngêtêrakên Kangjêng Kyai Imam Bêsari piyambak, mawi kadhèrèkakên para santana para pinisêpuh sarta para abdi sawatawis kathahipun, tindakipun saking kitha Panaraga dumugi nagari Surakarta, kaparêngipun kangjêng kyai namung dharat kemawon, saha lajêng ngaturakên babadipun ingkang wayah nalika wontên ing Panaraga ngantos dumugi ingkang wayah anampèni kanugrahaning Pangeran, punapa dene ngaturakên rêraosanipun kangjêng kyai ingkang sampun kadhawuhakên dhumatêng ingkang wayah piyambak, ingkang wayah sakalangkung awrat aminangkani ingkang dados kaparêngipun kangjêng kyai wau, pancènipun ingkang wayah dèrèng wangsul sapunika, taksih badhe andumugèkakên piwulangipun kangjêng kyai ingkang prêlu-prêlu, nanging sarêng kapèpèt ing rêmbag kados ingkang sampun kaaturakên wau, dados ingkang wayah wontên ing Panaraga lajêng botên kraos.

Radèn Tumênggung Sastranagara sakalihan ingkang putra Mas Ngabèi [Ngabè...]

--- 1 : 115 ---

[...i] Rônggawarsita, sarêng amirêngakên aturipun Ki Tanujaya sadaya wau, sami sakalangkung bingahipun, saking lêganing panggalihipun, kaupamèkakên bêndunganing bênawi ingkang akêmbêng-kêmbêng salaminipun, sapunika sagêd dhadhal dening kasêntoring banjir bandhang, dene ingkang wayah sampun kadumugèn ingkang sinêdya, sagêd anampèni kanugrahaning Pangeran. Anêtêpi ingkang dados pangèsthining panggalih rintên dalu, amila lajêng sami amuji sukur ring Pangeran, sapunika sampun kaparingan luwar ingkang dados prihatosing panggalihipun.

Mas Ngabèi Rônggawarsita dipun dhawuhi ingkang rama, kadhawuhan andhawuhakên dhumatêng ingkang rayi salah satunggal, kadhawuhana mêthuk kangjêng kyai dhumatêng Panambangan Bacêm, ambêktaa patumpakan tiga, ingkang kalih kangge anyudhiyani kangjêng kyai kalihan Bagus Burham, ingkang satunggal kangge ingkang rayi piyambak ingkang kadhawuhan mêthuk wau, ingkang kadhawuhan angrigênakên panataning pondhokan sapisêgahipun pisan, Mas Ngabèi Rônggawarsita piyambak, sadaya wau sampun ngantos anguciwani, sarampungipun anggèning dhawuhakên dhumatêng ingkang putra, lajêng mêdal dhumatêng ing pandhapa malih, andumugèkakên lêlênggahan sawatawis dangunipun, kalihan paring uninga dhumatêng para panèwu mantri ingkang sami parêpatan wau, ingkang anampèni dhawuh katingal sami bingah manahipun, botên dangu lajêng kadhawuhan sami

--- 1 : 116 ---

bibaran, namung sontênipun kadhawuhan wangsul andhèrèk manggihi. Ingkang dipun dhawuhi sami matur sandika.

Sarêng para rayi-rayi, para putra santana, sarta para abdi-abdi sampun angsal katrangan bilih dhatêngipun Ki Tanujaya ambêkta kabar sae, lajêng sami luwar prihatosing manahipun, saking bingah-bingahipun, mantukipun Ki Tanujaya dhatêng ing pondhokan, sami dipun tandhu langak dening para rayi-rayi, para putra santana, kalihan asurak-surak.

Ingkang kapatah Mas Ngabèi Rônggawarsita mêthuk Kyai Imam Bêsari dhumatêng ing Panambangan Bacêm, ingkang rama alit nama Mas Ngabèi Awikrama, dipun aturi ambêkta kapal tiga kalêbêt titihanipun piyambak, kadhèrèkakên para santana sawatawis, sarta para abdi ingkang sami angarung kapal, sarêng dumugi ing Panambangan Bacêm, lajêng angaturakên salam taklimipun ingkang raka, saha angaturakên kasugêngan rawuhipun kangjêng kyai, punapa dene amaringakên pangèstu dhumatêng ingkang wayah Bagus Burham, sarêng sampun aso sawatawis dangunipun, sadaya lajêng bidhal, samargi-margi dados têtingalanipun tiyang kathah, Kramaleya botên kêmba anggèning tansah adamêl lêlucon turut mêrgi.

Ingkang sami kapatah anyambut damêl wontên ing dalêm Sastranagaran, para sadhèrèk, para putra, para santana, sarta para abdi-abdi, saking kathahipun, ngantos pating sariwêd adamêl [ada...]

--- 1 : 117 ---

[...mêl] sênêning pandulu, ingkang sami rêrêsik sarta ingkang sami tata-tata, tuwin ingkang sami olah-olah kados kagungan damêl mantu dadak-dadakan, sakilèn pandhapa dipun tatani gôngsa slendro pelok, sangajêng pandhapa dipun pasangi tarub anggênggêng, saking kathahipun ingkang sami nyambut damêl, panataning rêngrêngganrêrênggan. sapanunggilanipun, sakêdhap kemawon sampun rampung sadaya, ingkang badhe kangge pisêgah amragat lêmbu satunggal, ramening tiyang ingkang sami olah-olah, anambahi dhatêng rêgênging pamirêngan, wanci jam gangsal sontên, gôngsa sampun mungêl angrangin, pangrakiting pasugata sampun kathah ingkang sami rampung, para putra santana sampun rampung anggèning sami dandan, ingkang kapatah angadhêp wontên pandhapa sampun sami ngadhêp athèrèk-thèrèk, ingkang kapatah angladosi sami angrakit ingkang badhe kaladosakên, Radèn Tumênggung Sastranagara sampun lênggah wontên samadyaning pandhapa dipun adhêp para panèwu mantri ingkang sami kadhawuhan tumut amanggihi, sadaya sêtolup ingkang sami dipun pasang wontên ing pandhapa, sarta ingkang sami kapasang wontên ing dalêm, tuwin ingkang sami kapasang wontên ing pondhokan, sampun sami dipun sumêdi, soroting dilah ingkang sampun dipun sumêdi wau, saking padhangipun ngantos kados raina.

Ki Tanujaya tansah wongsal-wangsul anganguk-anguki dhumatêng

--- 1 : 118 ---

sajawining regol, sarêng Kangjêng Kyai Imam Bêsari sampun dumugi ing radinan sacêlaking kabupatèn, Ki Tanujaya angaturi uninga bilih kangjêng kyai sampun rawuh, Radèn Tumênggung Sastranagara lajêng jumênêng dhatêng tarub, para panèwu mantri sarta para putra santana ingkang sami ngadhêp wontên ing pandhapa ugi sami mandhap sadaya, kangjêng kyai dumugi sajawining regol lajêng mandhap saking titihan, mandhapipun mawi dipun lawani Mas Ngabèi Rônggawarsita, sasampunipun anglawani kangjêng kyai, lajêng anglawani ingkang putra Bagus Burham, sarêng sampun mandhap ingkang putra dipun arasi awongsal-wangsul, para putra santana ingkang dipun dhawuhi mêthuk dhatêng sajawining regol, lajêng anggarubyug wontên sawingkingipun kangjêng kyai sadaya, Bagus Burham dipun gendhong Ki Jasana dumugi sangajêng pandhapa, lajêng dipun wisuhi sêkar sataman dhatêng ingkang ibu Nyai Ajêng Rônggawarsita, dipun gêpyoki ing gêgodhongan dhatêng ingkang êmbah Nyai Ajêng Sastranagara, tumuntên dipun kanthi lumêbêt ing dalêm, kangjêng kyai lajêng sêsalaman akalihan ingkang raka Radèn Tumênggung Sastranagara, sarêng sampun bage-binage wilujêng, sakalihan lajêng lênggah wontên samadyaning pandhapa, para santana ing Panaraga sasampuning sami sêsuci ugi lajêng kairit ngadhêp dhumatêng ing pandhapa sadaya, Ki Tanujaya kadhawuhan dados among tamu, para abdi sami kadhawuhan aso dhumatêng ing pondhokan, ingkang kadhawuhan amrênah-mrênahakên [amrênah-mrênahakê...]

--- 1 : 119 ---

[...n] Ki Jasana, gumrênggênging para tamu tuwin ingkang sami amanggihi, ngrêrangining gôngsa ingkang binarung pangêliking talèdhèk, adamêl rêgênging pandhapa kabupatèn, lumadosipun wedang dhaharan waradin botên wontên kalangkungan, saking rigênipun ingkang sami dados among tamu sarta ingkang sami angladosi, sabên wedangipun sampun kalong lajêng dipun jogi.

Sasampunipun gôngsa suwuk, Kangjêng Kyai Imam Bêsari lajêng amêdharakên pangandika dhumatêng ingkang raka Radèn Tumênggung Sastranagara, anggènipun karaya-raya dhumatêng ing nagari Surakarta punika, prêlunipun anuruti kangêning panggalih dhumatêng ingkang raka, Radèn Tumênggung Sastranagara, sagarwa putra sadaya, ingkang kaping kalih prêlu amasrahakên ingkang wayah Bagus Burham, ingkang kaparingakên kadhawuhan puruhita ngaji dhumatêng kangjêng kyai wontên ing pondhok Gêbang Tinatar, sarèhne ing sapunika sampun sagêd anêtêpi pangajêng-ajêngipun para sêpuh, tampi kanugrahaning Pangeran kados pangèsthining manahipun, sanajan kangjêng kyai namung dados lantaran kangge prabot tampining kanugrahanipun ingkang wayah, ewadene agênging panggalihipun angungkuli jênggêrênging rêdi Lawu, mila kangjêng kyai ngantos kalampahan angêtêrakên piyambak dhumatêng ing nagari Surakarta, amargi saking sakalangkung bingahing panggalihipun, sapunika Bagus [Ba...]

--- 1 : 120 ---

[...gus] Burham kapasrahakên ingkang raka Radèn Tumênggung Sastranagara.

Radèn Tumênggung Sastranagara amangsuli sakalangkung agênging panuwunipun anggènipun Kangjêng Kyai Imam Bêsari sampun sagêd anyêmbadani ingkang dados pangajêng-ajênging panggalihipun, botên langkung mugi ingkang sipat rahman lan rakim, anyêmbadanana ugi dhatêng panggalihipun Kangjêng Kyai Imam Bêsari.

Satêlasing atur wangsulanipun Radèn Tumênggung Sastranagara wau, gôngsa mungêl galaganjur, binarunging surakipun para putra santana amawurahan, sasuwuking galaganjur kangjêng kyai lajêng dipun ancarani lênggah dhahar sakalihan ingkang raka Radèn Tumênggung Sastranagara.

Ingkang kadhawuhan andhèrèk dhahar namung para sadhèrèk, para putra, sarta para panèwu mantri ingkang sami kadhawuhan andhèrèk amanggihi kemawon, panataning dhaharipun wontên ing paringgitan, para pinisêpuh saha para santana sami kaparingan nêdha ingkang sampun katata wontên ngèmpèr pandhapa ingkang sisih wetan, ingkang dipun dhawuhi ngêmbuli para santana ing Sastranagaran sadaya, saking sami sagêdipun ingkang kapatah dados among tamu, mila sadaya ingkang dhahar rahab-rahab botên wontên ingkang sami èwêd pakèwêd, salêbêtipun dhahar ingkang kagêm pacitan lêlampahanipun Ki Jasana kalihan Kramaleya nalika [nali...]

--- 1 : 121 ---

[...ka] sami kautus amadosi Bagus Burham dhumatêng ing kitha Madiun, wiwit ambarang ura-ura dumugi anggènipun ambarang jathilan, ingkang mirêngakên sami gumujêng gêr-gêran, anggèning dhahar ngantos sami kasupèn, labêt saking sami karênan panggalihipun, sabên kèngêtan patrap wiraganipun Ki Jasana, panjogèdipun jathilan, dhasar ingkang kadhawuhan nirokakên Kramaleya, lajêng tapuk gumujêng malih.

Sarêng sampun dumugi anggènipun sami dhahar, lajêng wangsul lêlênggahan ing pandhapa malih, sambènipun amariksani panjogèdipun talèdhèk, antawisipun jam kalih wêlas dalu, kangjêng kyai dipun aturi ngaso lumêbêt ing dalêm, para pinisêpuh sarta para santana ing Panaraga, ingkang badhe ngaso lajêng kairit kadhawuhan ngaso dhumatêng ing pondhokan, ingkang kantun ing pandhapa namung para sadhèrèk, para putra sarta para santana ing Sastranagaran, tuwin para panèwu mantri ingkang sami kadhawuhan dhèrèk amanggihi wau, namung para santana ing Panaraga satunggal kalih punapadene Kramaleya, taksih sami andhèrèk jagongan wontên ing pandhapa.

Punaginipun sadaya para putra santana, manawi Bagus Burham sampun mantuk saking Panaraga, saha sami ginanjar wilujêng, tuwin kasêmbadan ingkang dados pangèsthining para sêpuh-sêpuh para kulawarga sadaya sami badhe abingah-bingah sakadaripun, sarèhning [sarèh...]

--- 1 : 122 ---

[...ning] sapunika pangajêng-ajênging manah sampun nama kadumugèn, Bagus Burham sampun mantuk sarta angsal kanugrahaning Pangeran, amila sami badhe dipun têtêpi angluwari punagi nayuban sakulawarga sadaya.

Kala samantên lajêng kadadosakên nayuban, saking kaparêngipun Mas Ngabèi Rônggawarsita ingkang kadhawuhan anjogèd rumiyin Kramaleya, ingkang anglarihi Ki Tanujaya kalihan Ki Jasana, gêndhingipun Cangklèk Panaraga, tiyang tiga wau sami lucunipun, sami wasisipun dhatêng jogèd, salêlewanipun adamêl gumujêngipun ingkang sami aningali, talèdhèkipun nama Gambyong ingkang sampun misuwur wasisipun anjogèd sarta saening swaranipun, dados kondhang kidungipun para nènèman ing jaman samantên, pun Gambyong sampun kulina sangêt dhatêng Ki Tanujaya, labêt sami tunggil pasuwitan nalika sami wontên ing Buminatan, dados tansah angajak gêgujêngan dhatêng Ki Tanujaya, Kramaleya ragi bêntèr manahipun, salêbêtipun jogèd kasambi anggarapi kalihan pun Gambyong, sanajan panggarapipun wau namung anggènipun badhe pados gujêng, dangu-dangu pun Gambyong sêling sêrêp, Kramaleya dipun ungêl-ungêlakên, watak Kramaleya tiyang daladag sugih kawanèn, dipun ungêl-ungêlakên makatên wau katingal nêpsu sangêt, lajêng ngunus dhuwung sêbrak. Dipun jodhèh? akên dhatêng dhadhanipun pun Gambyong, botên [bo...]

--- 1 : 123 ---

[...tên] ngaping kalih lajêng pêjah kapisanan, Ki Tanujaya kagèt sangêt manahipun, sawêg kranggèh-kranggèh badhe anudingi, dipun larihi dhuwung ugi pêjah kapisanan, Ki Jasana sawêg badhe klawe-klawe ugi dipun larihi dhuwung inggih pêjah ngênggèn, wêdaling rah andalêdêg amradini satêngahing pandhapa, para putra santana sarta para panèwu mantri, ramenipun kados gabah dipun intêri, dalah para tiyang ingkang sami aningali, ugi sami pating bilulung akontrang-kantring, ewadene ingkang wontên salêbêting dalêm, botên pisan-pisan sami kagèt, sarêng Kramaleya dipun cêpêng dening para putra santana, lajêng dipun purugi dening pinisêpuh ing Panaraga, dipun aturi ngèndêlakên kemawon, sarêng dipun culakên, Kramaleya taksih abriga-brigi kemawon, bangkèkanipun Ki Tanujaya dipun larak, kaujurakên mangalèr, bangkèkanipun Ki Jasana ugi dipun larak kaujurakên mangidul, dados abên suku, bangkèkanipun Gambyong inggih dipun larak kaujurakên mangetan, sirahipun katumpangakên sukunipun Ki Tanujaya, sarêng sampun rampung, Kramaleya lajêng bawa rodat Dêmak, sarêng minggah kadhawahakên eling-eling, gôngsa mungêl Kramaleya anjogèd ngalètèr. Astagapirolah, dèrèng sapintêna dangunipun, tiyang tiga ingkang pêjah wau sumêrêp-sumêrêp sampun sami anjogèt sadaya, pun Gambyong sampun sindhèn agalik-galik, [agalik-ga...]

--- 1 : 124 ---

[...lik,] sarêng dhawah gong anyindur Kramaleya, Kramaleya ing sêmu kadugi manahipun, mawi miraga amanggut-manggut, sarêng tiyang tiga sampun sami gêsang malih, ramenipun saya botên kantên-kantênan, ingkang wontên ing pandhapa lajêng sami surak mawurahan, Kramaleya saya lajêng kanggêp lêluconipun, sandhung jêkluk, Kramaleya, para putra santana sarta para panèwu mantri, kathah pêparingipun warni-warni dhumatêng Kramaleya, andadosakên suka bingahing manahipun, dene bibaripun ngantos jam pitu enjing, wilujêng botên kirang satunggal punapa.

Kangjêng Kyai Imam Bêsari wontên ing nagari Surakarta ngantos wolung dintên wolung dalu, sabên dalu botên kêndhat abawa raos kalihan ingkang raka Radèn Tumênggung Sastranagara, kala samantên para putra-putra sami kasuwunakên puruhita ing kangjêng kyai, malah Bagus Burham kadhawuhan dhèrèk puruhita pisan.

Radèn Tumênggung Sastranagara sarta para putra-putra sadaya, sami kasok asihipun dhatêng Kramaleya, ngèngêti nalika kadhawuhan amadosi Bagus Burham, prasasat tumut angraosakên lara-lapa, ngantos dipun labuhi wirang isin ambarang jathilan, dados sadaya wau lajêng sami malês aparing warni-warni, namung ingkang kathah piyambak pêparingipun Mas Ngabèi Rônggawarsita, kacariyos kirang langkung wontên kiwa têngênipun satus [sa...]

--- 1 : 125 ---

[...tus] rupiyah, mila sakalangkung andadosakên suka bingahing manahipun Kramaleya.

Kramaleya salêbêtipun wontên ing nagari Surakarta, tansah dados sêkar lathinipun tiyang kathah, botên angamungakên tiyang èstri kemawon ingkang sami angalêmbana, dalah tiyang jalêr ugi sami angalêmbana, sanadyan kathah ingkang sami kasêngsêm dhatêng piyambakipun, ananging manahipun botên purun anglampahi pandamêl rêsah, amargi saking jêjêgipun dhatêng pranataning agami.

Sarêng sampun pitung dintên pitung dalu, Kangjêng Kyai Imam Bêsari nyuwun pamit ingkang raka Radèn Tumênggung Sastranagara, bilih enjingipun badhe wangsul dhatêng ing dhukuh Gêbang Tinatar, ingkang raka sampun anayogyani, sarta ingkang rayi dipun caosi tôndha katrêsnan awarni kapal tumpakan satunggal, sarta pangagêman kakung putri awarni-warni wêdalan ing nagari Surakarta, para pinisêpuh tuwin para abdi, sami dipun paringi prabot nyapangadêg, kanthi dipun paringi pasangon sacêkapipun, para pinisêpuh saha para abdi sami sakalangkung panuwunipun, sarêng enjing kangjêng kyai sapandhèrèk lajêng bidhal, para putra sami kadhawuhan andhèrèkakên dumuhidumugi. ing Panambangan Bacêm, tindakipun kangjêng kyai botên kacariyosakên, sarêng antawisipun tigang dintên tigang dalu, sampun dumugi ing dhukuh

--- 1 : 126 ---

Gêbang Tinatar, wilujêng botên kirang satunggal punapa, ing kitha Panaraga saha wêwêngkon ing Gêbang Tinatar, lajêng wangsul mirah sandhang têdha malih, tuwin botên wontên sangsayanipun. -o-

Ing Ngandhap punika Cariyos Lêlampahanipun Bagus Burham wontên ing Nagari Surakarta

Sawangsulipun Bagus Burham saking Panaraga, raosing panggalihipun Radèn Tumênggung Sastranagara, kados siniram ing tirta marta bingahing panggalih kados amanggih rêtna sawukir, dening pangèsthinipun sampun sagêd kadumugèn sadaya, ananging labaning kagêm bôngsa luhur saha prayagung sêpuh, sakathahing kabingahan wau botên kawistara ing netya, namung Mas Ngabèi Rônggawarsita, tuwin Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita, saking kasoking kabingahan, ngantos kasupèn botên angraosakên luwe, arip, tuwin ngêlak, dene botên kanyanan bilih ingkang putra tumuntên dhatêng kalayan ambêkta angsa-angsal ingkang agêng sangêt aosipun, langkung malih Ki Tanujaya tuwin Ki Jasana, saking rumaos sampun kadumugèn kajêngipun, dados tiyang kalih wau sami anglairakên prasêtya, ing dunya ngantos dumuginipun ing akir, sampun ngantos pisah kalihan Bagus Burham, Radèn Tumênggung Sastranagara kaparêng paring pangandika anêksèni prasêtyanipun tiyang kalih wau, mugi Gusti Allah anyêmbadanana, sarta lajêng dhawuh dhatêng Bagus Burham, samôngsa Bagus Burham sagêd [sagê...]

--- 1 : 127 ---

[...d] anampèni kamulyan saking Ingkang Adamêl Gêsang, Ki Tanujaya tuwin Ki Jasana, sami sagêda tumut angraosakên kamulyanipun, sagêda ngêmong manahipun tiyang kalih punika, amargi tiyang kalih punika tumrapipun Bagus Burham sampun angrencangi tumut lara lapa, aturipun Bagus Burham, sêndika badhe kaèstokakên, kala samantên, Bagus Burham lajêng kapundhut nunggil ingkang êmbah Radèn Tumênggung Sastranagara, rintên dalu prasasat botên pisah kalihan ingkang êmbah, sanajan sampun gadhah dhêdhasar kasagêdan saha kalangkungan, ewadene mêksa taksih dipun wêlêg ing kawruh warni-warni dening ingkang êmbah, paribasan, kasagêdanipun ingkang êmbah sampun dipun tumplak dhatêng Bagus Burham sadaya, sarêng kasagêdanipun ingkang wayah sampun kagalih cêkap, kaparêngipun ingkang êmbah badhe dipun têtakakên, kapilihakên dintên ingkang prayogi kangge têtakan.

Sarêng ing dintên Rêbo Pon tanggal kaping 13 wulan Rabingulakir ing taun Dal 1742, Bagus Burham lajêng dipun têtakakên, ingkang êmbah andhatêngakên pasamuan agêng, mawi angaturi para gusti, para prayagung wadana kaliwon, sarta animbali para panèwu mantri, anggènipun jagongan ngantos tigang dalu, nalika badhe dipun iris, adat Jawi mawi dipun suwunakên ngabêkti dhumatêng para luhur ingkang sami rawuh, ingkang rumiyin piyambak [piyamba...]

--- 1 : 128 ---

[...k] kasuwunakên ngabêkti Gusti Panêmbahan Buminata, sarampungipun angabêkti, dipun paringi pangèstu sarta pamuji awarni-warni, tuwin lajêng angandika dhumatêng Radèn Tumênggung Sastranagara, samôngsa Bagus Burham sampun saras anggènipun anêtaki, kapundhut Gusti Panêmbahan, prêlunipun Gusti Panêmbahan sagêda angrêrencangi badhe kadadosanipun ing wingking, unjukipun Radèn Tumênggung Sastranagara namung anyumanggakakên.

Sarêng anggènipun têtak sampun saras, Bagus Burham lajêng kacaosakên suwita dhumatêng ing Buminatan, Gusti Panêmbahan sakalangkung asih dhumatêng Bagus Burham, rintên dalu botên kenging pisah ngadhêp Gusti Panêmbahan, sanajan taksih kawical rare, nanging sampun sagêd amrangkani panggalihipun Gusti Panêmbahan, sarêng pasuwitanipun sampun angsal sataun, lajêng dipun paringi pusaka aji jaya kawijayan, mila dipun namakakên pusaka, awit saking pangandikanipun Gusti Panêmbahan, punika wasiyat paring dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping III, kacariyos aji jaya kawijayan ingkang dipun paringakên dhumatêng Bagus Burham wau, sanès aji jaya kawijayan amangsulakên tapak paluning pandhe, sisaning gurenda, ananging aji jaya kawijayan amangsulakên samukawis ingkang sêdyanipun awon dhatêng ingkang sampun gadhah aji jaya kawijayan punika, ingkang anandukakên sami [sa...]

--- 1 : 129 ---

[...mi] kawêlèh saking dayanipun aji jaya kawijayan wau, sawatawis wulan malih lajêng dipun paringi ngèlmu kadigdayan, ngèlmu kagunan, tuwin kanuragan, sadaya ingkang sampun kaparingakên wau sami kacakub botên wontên ingkang cicir.

Bagus Burham wontên ing Buminatan saya kandêl pasuwitanipun, rintên dalu botên pisah wontên ngarsanipun Kangjêng Panêmbahan, wiwit punika lajêng kapitados anampèni pangandika ingkang prêlu-prêlu, tuwin ingkang wados-wados, punapadene lajêng wiwit dipun paringi piwulang dhatêng pangêrèhing praja.

Saking asihipun Gusti Panêmbahan dhatêng Bagus Burham, ngantos dipun pamèrakên raka dalêm sampeyan dalêm, sarta lajêng kasuwunakên ngalab bêrkah dados siswa dalêm, sampeyan dalêm inggih sampun amarêngakên, nanging kaparênging karsa dalêm badhe kacobi rumiyin, Bagus Burham lajêng kadhawuhan nilar. Gusti Panêmbahan lajêng mundur.

Sapêngkêripun Gusti Panêmbahan, Bagus Burham kadhawuhan ngirit dhumatêng ing Mantênan, botên dangu sampeyan dalêm lajêng miyos dhatêng ing Mantênan. Bantênan, Bagus Burham lajêng katimbalan majêng ing ngarsa dalêm, sasampunipun dumugi ing ngarsa dalêm, pandangu dalêm warni-warni, sarêng pandangu dalêm sampun dumugi, Bagus Burham lajêng kadhawuhan majêng, sampeyan dalêm lajêng ngasta sangandhaping kupingipun Bagus Burham, botên sapintêna dangunipun, Bagus Burham sampun [sa...]

--- 1 : 130 ---

[...mpun] lajêng tilêm kapati, dhawuh dalêm, Bagus Burham lajêng kadhawuhan ambuntêl mori karangkêp pitu, kados sacaranipun ambuntêl mayit, sarêng pambuntêlipun sampun rampung, dhawuh dalêm kadhawuhan anglêbêtakên dhumatêng ing bandhosa, bandhosa wau kadhawuhan anyêmplungakên dhumatêng ing bandêngan, sampeyan dalêm lajêng jêngkar.

Sarêng sampun pitung dintên pitung dalu, Bagus Burham kadhawuhan ngêntasakên, sarta kadhawuhan angêdalakên saking bandhosa, sarêng bandhosa tuwin morinipun buntêl dipun bikak, Bagus Burham katingalipun kados sampun tilar dunya. Dhawuh dalêm kadhawuhan angajêngakên dhumatêng ing ngarsa dalêm, sarêng sampun dipun ajêngakên, sampeyan dalêm kaparêng ambisiki dhumatêng Bagus Burham, botên dangu Bagus Burham lajêng anglilir, sarta lajêng sagêd ngadhêp wontên ing ngarsa dalêm, dhawuh timbalan dalêm, sapunika kadhawuhan aso rumiyin, sanès dintên badhe wontên dhawuh dalêm.

Munduripun Bagus Burham saking ngarsa dalêm, anjujug ing Buminatan, Gusti Panêmbahan sakalangkung ngunguning panggalih uninga warninipun Bagus Burham, dene guwayanipun saya katingal mindhak sae, namung badanipun radi katingal kêra sawatawis, mila lajêng kaparingan wedang dhaharan, cêcawisipun Gusti Panêmbahan, ingkang sampun katata wontên ing bangku, sami kadhawuhan ngandhapakên, sarta lajêng kapundhutakên sêkul, sarêng panêdhanipun [panêdhanipu...]

--- 1 : 131 ---

[...n] sampun rampung, saha sampun botên wontên ingkang sami ngadhêp, Bagus Burham lajêng dipun dangu kadospundi kawontênanipun, tuwin kados punapa raosipun, unjukipun, punapa kawontênan ingkang sampun dipun sumêrêpi, saha pangraos ingkang sampun dipun raosakên, punapadene wijang-wijangipun kawontênanipun sadaya wau, sampun kaunjukakên sadaya, Gusti Panêmbahan sakalangkung sukaning panggalih ing batos tansah ngalêmbana dhatêng kalangkunganipun Bagus Burham.

Sanès dintên sampeyan dalêm utusan dhumatêng ing Buminatan, dhawuh timbalan dalêm, mangke dalu Bagus Burham ngêndikan ing sampeyan dalêm, saha ingkang kadhawuhan ngirit Gusti Panêmbahan akalihan Radèn Tumênggung Sastranagara, unjukipun Gusti Panêmbahan sêndika, sarta lajêng kadhawuhakên dhumatêng Radèn Tumênggung Sastranagara, unjukipun inggih sêndika, sarêng sampun wancinipun, Radèn Tumênggung Sastranagara mêthuk Gusti Panêmbahan, lajêng sami sêsarêngan sowan malêbêt, ingkang andhèrèkakên malêbêt namung Bagus Burham piyambak, sadaya lajêng sami anjujug ing Mantênan.

Dèrèng dangu sampeyan dalêm lajêng miyos, têdhak dalêm anglangkungi ing Mantênan, sarêng uninga bilih rayi dalêm Gusti Panêmbahan, Radèn Tumênggung Sastranagara tuwin Bagus Burham, sampun sami sowan, sampeyan dalêm lajêng kèndêl, jumênêng wontên [wo...]

--- 1 : 132 ---

[...ntên] ing ngarsanipun Gusti Panêmbahan, ngêndikan ngantos sawatawis dangunipun, sarêng sampun wanci jam kalih wêlas dalu, sampeyan dalêm lajêng têdhak dhumatêng ing Bale Kambang, rayi dalêm Gusti Panêmbahan, akalihan Radèn Tumênggung Sastranagara tuwin Bagus Burham, sami kadhawuhan andhèrèk dhumatêng ing Bale Kambang, sarêng sadaya sampun sami satata, Bagus Burham kadhawuhan majêng dhumatêng ngarsa dalêm, Sampeyan Dalêm lajêng andangu, nalika anglampahi dhawuh dalêm kalêbêtakên ing bandhosa, salajêngipun kacêmplungakên ing bandêngan pitung dintên pitung dalu, punika raos pangraosipun kadospundi, sarta anyumêrêpi punana: unjukipun Bagus Burham, sadaya raos ingkang sampun dipun raosakên, saha sadaya kawontênanipun ingkang sampun dipun sumêrêpi, sampun dipun unjukakên botên wontên ingkang kalangkungan, sampeyan dalêm lajêng dhawuh dhumatêng Bagus Burham, anêrangakên rungsiding raos ingkang sampun dipun raosakên, saha wahananing kahanan ingkang sampun kawahana, botên wontên ingkang kalangkungan, satêlasing pangandika dalêm, sampeyan dalêm lajêng andangu dhumatêng Bagus Burham, kadospundi wijang-wijangipun dhawuh dalêm ingkang sampun kadhawuhakên wau, Bagus Burham lajêng angunjukakên uninga sadaya dhawuh dalêm ingkang sampun dipun tampèni, sadaya unjukipun sampun cocog akalihan panggalih dalêm, Bagus Burham lajêng [la...]

--- 1 : 133 ---

[...jêng] kadhawuhan angabêkti ing sampeyan dalêm, Gusti Panêmbahan tuwin Radèn Tumênggung Sastranagara inggih lajêng sami angabêkti, sampeyan dalêm mawi matêdhani pangèstu dhumatêng Bagus Burham, benjing sapêngkêr dalêm, tuwin satilaripun Radèn Tumênggung Sastranagara, wahyuning pujôngga dalêm badhe dhumawah dhatêng Bagus Burham, benjing samôngsa sampun dados pujôngga dalêm, pangrêksanipun dhumatêng praja Surakarta ingkang tumêmên, tuwin ingkang ngatos-atos, amargi rêntênging praja dalêm saya lami saya mindhak, unjukipun Bagus Burham, nuwun sêndika, mugi-mugi angsala pangèstu dalêm, sagêda anglampahi dhawuh pangandika dalêm ingkang sampun kadhawuhakên, dhawuh timbalan dalêm, Radèn Tumênggung Sastranagara tuwin Bagus Burham lajêng kalilan mêdal, saunduripun saking ngêrsa dalêm, lajêng sami kèndêl wontên ing pamantênan malih, angêntosi konduripun Gusti Panêmbahan.

Sampeyan dalêm taksih anglajêngakên lêlênggahan akalihan rayi dalêm Gusti Panêmbahan, ingkang dados sêmbèning lênggah dalêm, angalêmbana dhumatêng kalangkunganipun Bagus Burham, sabobotipun dèrèng umur kalangkunganipun sampun angungkuli tiyang sêpuh, kajawi makatên lajêng angêndikakakên ingkang prêlu-prêlu tumrap praja dalêm, punapadene ugi taksih wontên sambêtipun pangandika dalêm tumrap dhumatêng Bagus Burham, unjukipun rayi dalêm Gusti Panêmbahan namung sêndika, saha dhawuh pangandika

--- 1 : 134 ---

dalêm wau badhe kaèstokakên, botên sawatawis dangu sampeyan dalêm lajêng jêngkar, Gusti Panêmbahan ugi lajêng mundur, Radèn Tumênggung Sastranagara tuwin Bagus Burham ugi lajêng andhèrèkakên.

Sarawuhipun ing dalêm, Radèn Tumênggung Sastranagara lajêng kalilan ngaso, Gusti Panêmbahan taksih andumugèkakên lênggah wontên ing pandhapa, ingkang ngadhêp namung Bagus Burham piyambak, Gusti Panêmbahan tansah anggagas dhawuhing pangandika dalêm, bilih ingkang putra Radèn Ajêng Gombak kadhawuhan anarimakakên dhumatêng Bagus Burham, sanadyan dhawuh dalêm wau nama nuju panggalihipun Gusti Panêmbahan, nanging pangudaraosing galih, sarèhning wêgdal punika Bagus Burham wau taksih anyêmut gatêl, saupami lajêng dipun dhaubakên,dhaupakên (dan di tempat lain). Gusti Panêmbahan taksih ragi lingsêm, dene kagungan putra mantu dèrèng dados abdi dalêm, makatên malih sarèhning ingkang putra Radèn Ajêng Gombak wau panguwasanipun taksih gumantung ingkang rama piyambak, inggih punika Kangjêng Pangeran Adipati Cakradiningrat ing Kadhiri, sanadyan bab punika sampun têrang dhawuhing pangandika dalêm, ananging prêlu ugi dipun paringi uninga, dados pangêmbatipun sagêd kuwawi.

Kaparêngipun Gusti Panêmbahan, Bagus Burham sadèrèngipun kaparingan tariman ingkang putra badhe kasuwunakên kamirahan dalêm [da...]

--- 1 : 135 ---

[...lêm] dados abdi dalêm rumiyin, ananging anggènipun nyuwunakên wau ngêntosi sarêngan bilih sampun wontên kaparênging karsa dalêm amisudha para kawula dalêm pamagang, Bagus Burham badhe dipun sêsêlakên, dados botên angatawisi bilih amanggalih sangêt dhatêng Bagus Burham.

Taksih tunggil taun kalihan anggènipun Bagus Burham dados siswa dalêm, saha dèrèng ngantos kalampahan kasuwunakên dados abdi dalêm, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IV surut, amila Bagus Burham lajêng katêksa anyarèhakên manahipun, ewadene sêtyaning manahipun dhatêng Gusti Panêmbahan, malah dipun wêwahi, kosok wangsulipun Gusti Panêmbahan, asihipun dhatêng Bagus Burham inggih malah saya mindhak, malah lajêng kapitados anyêpêng bang-bang pangalum-aluming Buminatan sadaya, para abdi panèwu mantrinipun Gusti Panêmbahan, lajêng sami kadhawuhan basa kiyai lurah.

Sajumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping V, ingkang ngasta paprentahan kadipatèn, kasampirakên dhumatêng Gusti Panêmbahan Buminata, ewadene sadaya tumindakipun pandamêlan, sarta têtêp pocotipun abdi dalêm kadipatèn, Gusti Panêmbahan botên kaparêng amêngku, taksih mawi kacumadhongakên dhawuh saha kasumanggakakên [kasumang...]

--- 1 : 136 ---

[...gakakên] sakaparêngipun ing karsa dalêm.

Sadangunipun Gusti Panêmbahan kasampiran panguwasa ngasta paprentahan kadipatèn, Bagus Burham sampun kasuwunakên ganjaran dados abdi dalêm rambah kaping kalih, sapisan kasuwunakên dados abdi dalêm panèwu jaksa kadipatèn anom, anggêntosi tilas lêlampahanipun Ngabèi Nitinagara, ingkang sampun tilar dunya, sampeyan dalêm botên kaparêng, malah lajêng wontên wiyosing dhawuh timbalan dalêm, ingkang kakarsakakên anggêntosi Ngabèi Sura Adimênggala, katêdhan nama Ngabèi Sutawiguna, anak têtilaranipun Ngabèi Nitinagara ingkang sawêg umur 2 taun, nama pun Sarengat, ingkang sampun kalapurakên ing ngarsa dalêm, kakarsakakên dados abdi dalêm mantri sêpuh kadipatèn anom, anggêntosi Ngabèi Sura Adimênggala wau, kapatêdhan nama Ngabèi Nitinagara, sarèhning pun Sarengat wau dèrèng akil balèk, amila kadhawuhan adamêl wakil ingkang sampun dipun anggêp pitados, mênggah dhawuh dalêm wau inggih lajêng lêstantun kadhawuhakên.

Ingkang kaping kalih, wontên lowongan abdi dalêm mantri êmban kadipatèn anom, tilas lêlampahanipun Ngabèi Mêrtadrana, botên tilar waris anak, Bagus Burham inggih kasuwunakên anggêntosi malih, sampeyan dalêm inggih dèrèng [dè...]

--- 1 : 137 ---

[...rèng] kaparêng, amargi Ngabèi Mêrtadrana gadhah waris sadhèrèk jalêr tunggil bapa biyung, nama pun Tulus, dados abdi dalêm Panakawan Bundêran, mila ingkang kakarsakakên anggêntosi pun Tulus wau, kapatêdhan nama nunggak sêmi Ngabèi Mêrtadrana.

Sarêng Bagus Burham sampun kasuwunakên dados abdi dalêm ngantos rambah kaping kalih mêksa dèrèng kaparêng, Gusti Panêmbahan ing batos angêmu duka, amargi rumaos lingsêm panggalihipun, saking sangêting anawung duka, sabên lênggah rat ing kadipatèn anom, manawi wontên para santana dalêm ingkang kasêrêg prakawis sambut, anggèning ngadili botên mawi kapariksa panjang lajêng katêtêpakên kawon kemawon, kala samantên saking kathahipun para santana dalêm ingkang sami katêtêpakên pikawonipun wau, suwantênipun sami rame, ramening pangandika wau botên angamungakên wontên ing dalêm tuwin ing pajagongan kemawon, sanadyan wontên ing ngarsa dalêm inggih sami botên kêndhat anggèning sami angêdalakên swara, dangu-dangu kamirêngan sampeyan dalêm, labanipun agêng sangêt pangêmong dalêm dhumatêng ingkang rama Gusti Panêmbahan, dados para santana dalêm ingkang sami dèrèng narimah katêtêpakên pikawonipun wau, dening rat kadipatèn, pambayaring sambutanipun sami kaparingan saking asta dalêm sadaya, sarêng makatên lajêng kèndêl botên wontên ingkang wani angumbar pangandika malih.

Lajêngipun wontên jilid 2