Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Wedyadiningratan, Dutadilaga, 1938, #245

Katalog:Babad Wedyadiningratan, Dutadilaga, 1938, #245
Sambung:-

Babad Wedyadiningratan

Lêlampahan wiwit timur, dumugi pènsiun, lêlabêtanipun sawatawis dhatêng: karaton, babrayan, kabangsan, sarta dhatêng sanak sadhèrèk, mitra karuh, mèsi lêlampahan nawung raos suraos, kenging kangge ular-ular pamardi pamarsudining gêsang, dumugi kasidan jati, yasanipun panitya "Biwadhamulya".

Kaanggit sarta kapasrahakên: Radèn Mas Ngabèi Dutadilaga

Cap-capan sapisan ing pangêcapan Marês Surakarta, taun 1869 utawi 1938

[Grafik]

Cap-capan sapisan ing pangêcapan Marês Surakarta, taun 1869 utawi 1938.

--- 0 ---

Babad lêlampahan Wedyadiningratan

Babadipun dhoktêr Kangjêng Radèn Tumênggung Wedyadiningrat, pèngêtan lêlampahanipun wiwit timur dumugi lèrèh pènsiun, sarta pèngêtan lêlabêtanipun sawatawis dhatêng karaton, babrayan, kabangsan, sarta dhatêng mitra karuh, mèsi lêlampahan ingkang nawung raos suraos, kenging kangge ular-ular pamardi pamarsudining gêsang, dumugi kasidan jati. Yasanipun panitya "biwadha mulya" dhoktêr, K.R.T. Wedyadiningrat, kaanggit, sarta kapasrahakên Radèn Mas Ngabèi Dutadilaga, ing Surakarta Adiningrat, cap-capan sapisan taun côndra 1869, sinangkala: têrus, ngrasa, ngèsthi, jati, utawi taun surya 1938, sinangkala: murtining guna têrusing jati. Cap-capan sapisan ing pangêcapan: Marês, kaayoman anggêr-anggêr bab karangan.

--- 0 ---

Purwaka

Rumaos kanugrahan, kula sagêd angrampungakên pandamêl kula pèngêtan lêlabêtan lan lêlampahanipun sawatawis kiyai lurah dhoktêr Kangjêng Radèn Tumênggung Wedyadiningrat, pamatah pasrahipun panitya biwadha mulya kula angsal pambiyantu prayagung, sanak sadhèrèk, mitra darmanipun ingkang pinahargya, andhanganakên kaparêng paring katêrangan panyuwun kula sasêrêpan ingkang kula bêtahakên, inggih punika Kyai Lurah Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Sumanagara, ing Sragèn, dhoktêr Suleman, Radèn Ngabèi Mangun Husada, dhoktêr Radèn Sumèru, Radèn Ngabèi Prawiraharja, priyantun guru, satasarta. sanès-sanèsipun, langkung malih kyai lurah piyambak, sarêng kula aturi uninga pèngêtan wau, sarta kula suwun sangêt-sangêt mugi kaparênga ngewahi, sarta mêwahi cacriyosaning pèngêtan, kaparêng nglêksanani nyêrat tapak astanipun piyambak, lajêng kula rêsikakên sêratanipun, ngengrengengrengan. wau kula simpên trêtip kangge lacakan ing têmbe bokmanawi wontên parlunipun, ingkang kula aosi sangêt anggènipun nyêthakakên dhadhasaraning lêlampahan ingkang parlu kangge pèngêtan, punika jêjêripun wontên ing gêsang, dados nama kridhaning gêsang, lêlampahaning gêsang, wondene babaraning kalairan ingkang kasumêrêpan, [kasumê...]

--- 0 ---

[...rêpan,] kapirêng, sapanunggilanipun. Punika namung dados ancêr-ancêr, jêjêripun wontên lêlampahaning gêsang wau, pramila ingkang parlu kapêtha cêtha, punika watak pambêgan, miwah tandang tandukipun ing damêl, tuwin kridhanipun anggèning ngraosakên kawontênaning lêlampahan ingkang kasandhang, kados ta: tekadipun ingkang rama Kyai Sutadrana, pamardi lan panggulawênthahipun, watak wantunipun nalika timur, dolanan, lan karêmênanipun dalasan rêmênipun songkolan, gêlutan, sarêng diwasa ngantos sagêd tandhês anggènipun angraosakên rêkaosipun lêlampahaning gêsang, dumugi sagêd anjumbuhakên pamudharanipun kaulah kalihan malampah. Bab pamarsudinipun sêrat Jawi ingkang nawung raos-suraos, pêthikanipun sagêd ugi ragi kêkathahên, punika kajawi wontên ingkang murih makatên, ing pangangkah sagêda cêtha gatranipun ingkang parlu kaparsudi, sarta upami nênêdha sagêda karaos tuwuk, pramila sakalangkung sangêt gênging panuwun kula tanpa upami ing panjênênganipun, sarta para paring pambiyantu wau, botên langkung pèngêtan lêlampahan lan lêlabêtan Wedyadiningratan sawatawis wau sagêda murakabi, migunani sami manggih rahayu, rahayu, rahayu.

Pun: Dutadilaga.

--- 1 ---

I Wiyosan sarta lêluhuripun

Wiyosanipun dhoktêr, K.R.T. Wedyadiningrat, ing dintên Kêmis Paing tanggal kaping 9 wulan Jumadilawal, warsa Be ôngka 1808 wuku Môndhasiya, sinangkalan: murtining kasampurnan kaèsthi ing jalma, utawi surya kaping 1 Mêi 1879 sinangkalan: nêrusi puja èsthining manungsa. Miyosipun wontên ing kampung Lêmpuyangan, ing nagari Ngayojakarta Adiningrat.

Dhoktêr, K.R.T. Wedyadiningrat punika kalêrês misan kalihan dhoktêr Wahidin Sudira Husada, ing Ngayogyakarta ingkang misuwur. Ibunipun dhoktêr Wahidin Sudira Husada punika kalêrês mbok ayunipun nak-sanak ingkang rama dhoktêr K.R.T. Wedyadiningrat.

Lêluhuripun dhoktêr K.R.T. Wedyadiningrat punika manawi saking rama trahing lêluhur bôngsa Bugis. Saking ibu bôngsa Mênadho. Urut-urutan nalurining lêluhur saking ingkang rama.

1. Kraèng Naba, (Sadhèrèkipun raja Galèngsong, jaman Mantaram) pêputra,

2. Kyai Dadu, pêputra

3. Kyai Prasuta pêputra

4. Kyai Jamêrta pêputra

--- 2 ---

5. Kyai Sutalêksana, pêputra

6. Kyai Sutadrana, pêputra

7. Dhoktêr K.R.T. Wedyadiningrat, lêluhur saking ingkang ibu dèrèng sagêd têrang, dene lêluhur saking rama manggèn wontên ing dhusun Mlathi Lèr. Ngayojakarta, ganjaran saking Mantaram turun-tumurun wiwit Kyai Dadu, sarta lêlabêtanipun ingkang rama, Kraèng Naba nyuda kikiyataning pabarisanipun kraman: Trunajaya ngantos kapikut.

Wontênipun ing dhusun Mlathi Kyai Sutadrana, punika namung dados sikêp narakarya. Sanadyan lêlampahanipun botên rêkaos sangêt, nanging asring kraos karaos-raos ing manah katatangi raosipun ing luhur, ngengêti lêluhuripun, gumregahing manah tangi kapurunanipun, katimbang nandhang awrating lêlampahan warni-warni ing kaungak-ungakanipun rêkaos angsalipun kanugrahan, kabêgjan, nêmpuh byat badhe mlêbêt Kumpêni, Ciptanipun: sagêda angsal kamuktèn punika prêlu mawi toh jiwa: wani mati awit mukti kalihan mati punika têtimbanganipun, tiyang anggayuh mukti, botên cêkap namung purun tumandang rêkaos sangêt, prêlu gadhah tekad wani mati, punika namung prêlu kagekangge. sangu bontosing tekad pantog-pantoganing lêlampahan punika namung dumugi patining badan utawi kawujudan, môngka prakawis pati punika gumantung karsaning Allah, manungsa [ma...]

--- 3 ---

[...nungsa] namung sadarmi nglampahi, nglindhung sumendhe ingkang kuwasa, mila manawi sampun wani sayêktos sendheyan tekad wani mati, punika dados pawitan agêng sangêt, kantun ngengêt-engêt tumindakipun dhadhasar rahayu budi, ati slamêt sampun ngantos dhumawah ing kanisthan, damêl kapitunan, nêmaha ngrisak sarta damêl pêpêjah. Manawi sagêd kadumugèn mukti, ginanjar wilujêng botên ngantos dumugi mati, punika ganjaran kanugrahaning Pangeran. Makatên dhêdhasaring têkadipun Kyai Sutadrana ingkang nate kangge raraosan kalihan sanak sadhèrèk, sadèrèng sarta sasampunipun anglampahi lêlampahan wau.

Cêkakipun Kyai Sutadrana nglajêngakên pikajêngipun dados Kumpêni, wilujêng ngantos angsal pènsiun, lajêng mantuk dhatêng siti wutah rahipun nagari in Mantaram, gêgriya wontên kampung Lêmpuyangan, pêputra dhoktêr K.R.T. Wedyadiningrat, timuripun nama: Rajiman, Keratabasanipun: raja iman, rajaning iman.

II Timuranipun

Timuranipun dhoktêr K.R.T. Wedyadiningrat kapardi kagulawênthah cara pakampungan, nglampahi gêsang sawontên-wontênipun, pamardinipun namung kalantur sapikajênganing lare, umbar-umbaran kemawon, nakalipun kalangkung-langkung, nanging inggih nakaling lare, rêmên sangêt kêkêrêngan, bilih [bi...]

--- 4 ---

[...lih] botên songkolan sakêdhap kemawon, kraos botên saras badanipun, botên carêm raos pangraosipun, gêrah uya prasasat patagihan. Nanging ambêg wêlasan, rêmên ngrencangi rare ingkang kawonan, tansah kaêngis-êngis, punika tamtu dipun rencangi, botên sulap kawon tandhing, sarta ajrih kêsakitan, sanadyan kadospundi kemawon, katêmah. Purun tanpa ajrih, anggêripun rêrencang kêrêngan, ngungkuli kaajak bingah-bingah, ngantos dados sarayaning rare kathah, sarta dipun rêmêni.

Rêmên dolanan warni-warni, ingkang kraos dipun karêmêni piyambak: wayang, manawi sampun dolanan wayangan sênêng sangêt, rumaos notog, kêrêp sangêt dipun bêkta ningali ringgit wacucal bapakipun, ing kaugi rêmên sangêt dhatêng ringgit, manawi têbih dhusunipun, panggènanipun ingkang ringgitan, tamtu ngantos dipun gendhong. Manawi wontên ing paringgitan wau katilêman, môngka ringgitipun kalêrês papêrangan sarta dêdongèngan ingkang isi piwulang, tamtu lajêng dipun gigah bapakipun.

Kala badhe dipun sakolahakên dipun ngandikani ingkang rama makatên, thole, yèn kowe tak tinggal mati, upama aku bisa ngrumat bandha, ora sapiraa kanggo têtinggalan marang kowe, sarta bisa êntèk, yèn kowe bisa anduwèni kapintêran, yaiku sarana sakolah, ora bisa bakal bisa ilang. Makatên wasiyatipun ingkang rama.

--- 5 ---

Sakolahipun Bagus Rajiman wontên sakolahan Walandi ingkang ôngka kalih, 2e openbare Lagere School, tumrap ingkang rama inggih botên ènthèng, nanging mêmpêng lan mantêp. Rèhning pansiyunipun Kumpêni botên kathah, saking mantêpipun gayuh kamuktèning putra, kèngêtan dhêdhasaring manah rumiyin, kasêmbuh kandêl raosipun dhatêng anak, kaanggêp prasasat nyawanipun, mila dipun lampahi rêkaos sangêt. Saking anggènipun nyêkap-nyêkapakên bêtah, ngantos dipun rencangi dados jagi toko pacinan, sabên dalu tilêm ngèmpèr toko wontên plèstêran, lèmèk sarta aling-aling bago amoh, bantal dhumpal. Bagus Rajiman inggih asring tumut ingkang rama, tilêm ngèmpèr pacinan wau. Punika ingkang saya nyantosakakên tekadipun ingkang rama, botên ketang lêlampahan ingkang kados punapa kemawon, sumanggêm, têmên-têmên, têtêp dipun lampahi kalayan rila lêgawaning manah. Sanadyan anglampahi pandamêlan katingalipun rèmèh makatên, botên pisan-pisan lingsêm, malah mantêp ing manah, kraos sayêktos gêgayuhanipun dhatêng kaluhuran, kêrêp kangge rêraosan, gadhah jôngka punika kêdah wani jangkah, nglampahi punapa mêsthinipun, pamanahipun, pandamêlan punapa kemawon, punika botên wontên kalingsêman, lan kanisthanipun, tiyang sadaya titah punika wontên papancèn, papasthèn kasagêdanipun piyambak-piyambak, [piyamba...]

--- 6 ---

[...k-piyambak,] botên kenging dipun singkiri, dipun selaki, malah kêdah nêtêpi wajib, papancèn papasthènipun punika wau. Asor, luhur, nistha utama, punika dhadhasaring bubudèn, damêl pituna, ngrisak ing sanès, punika nistha lan asor, manawi tumindak ing damêl, ngurupakên kasagêdanipun, punika sanadyan kados punapa kemawon, botên nama asor, mila têtêp mantêp anggènipun anglampahi kanthi lêgawaning manah.

Bagus Rajiman gangsar pasinaonipun sakolah, dhasaripun lantip, engêtan, kasêmbuh srêgêp, tumêmên botên nate kantun, têrus minggah kemawon, dumugi kirang sa-klas, ingkang rama Kyai Sutadrana dipun kèndêli anggènipun dados jaga rumêksa toko, awit tuwanipun toko prêlu ngirit waragad, mila Kyai Sutadrana kapêksa botên sagêd ambayari sakolah, lajêng rêmbagan kalihan putra.

Rama: le, aku ora bisa banjurake bayari sakolahmu, marga pagaweyanku disuwak, aku kapêksa dilèrèni. Lah kapriye manèh, diangya-ayaa sing kaya ngapa, mêksa ora bisa, nanging yèn ora ditêrusake eman bangêt, wong mung kari sa-klas, bêbacutane manèh, dipikir karo mlaku. Puluh-puluh kapriye, bok rêmbugan karo kakangmu dhoktêr,(Sudira Husadan) yèn bisa, sarta lêga aku jaluk tulung, nêrusake sakolahmu sataun bae.

--- 7 ---

Bagus Rajiman namung mangsuli: dipikir dhisik, wiwit titi môngsa punika Bagus Rajiman kraos rêkaos sangêt manahipun. Samantên awratipun lêlampahaning gêsang. Pancènipun awrat sangêt sambat sêbut nêdha tulung sanak sadhèrèk, nama botên pitados dhatêng gêsangipun piyambak, sarta damêl rêkaosing pamanahan. Botên kok saking sasambêtaning pasadhèrèkan, kintên-kintên angèl angsalipun pitulungan, punika botên, malah anggêripun purun sambat sêbut kemawon, kenging katamtokakên angsal pitulungan. Ingkang dados awrat punika anggènipun botên sagêd mêntas piyambak, nanging kapêtêl-pêtêlakên ing ngakathah, makatên punika sampun dados kalimrahaning babrayan, tulung-tinulung. Dangu anggènipun manah-manah, ngantos kalampahan angsal pitulungan saking ingkang raka, Sudira Husadan. Kalajêngakên sakolahipun kantun saklas.

Pancènipun, Bagus Rajiman narimah badhe kèndêl anggènipun sakolah, ngangkah badhe magang masinis sêpur, punika ingkang dipun karêmêni wiwit alit, anggènipun rêmên dados masinis punika, anggènipun tiyang satunggal sagêd mangrèh pirantos kathahipun samantên gêgandhèngan pintên-pintên bab, nanging lajêng angsal rêmbag pitulungan anglajêngakên sakolahipun andhap ngantos tamat, angsal partisara sae sangêt.

--- 8 ---

[Grafik]

Sisih kiwa punika gambaripun: M. Rajiman nalika wontên pamulangan dhoktêr jawi. Nginggil, M. Suleman. Ing ngandhap, M. Abdullah, sami putra Sudira Husadan. Ing têngên: kônca.

--- 9 ---

III Sakolahipun Dhoktêr

Satamatipun saking sakolahan andhap Walandi, wontên pamanahan malih, narimah kèndêl lajêng nyambut damêl, punapa nglajêngakên sakolahipun dhatêng pundi, manawi mawi waragad piyambak, botên sagêd, bilih kapurih nglajêngakên sakolah sarana nêdha pitulungan, damêl rêkaosing sanak sadhèrèk, awrat sangêt, aluwung botên, narimah nglampahi dhawahing lêlampahan ingkang kadospundi kemawon, anggêripun sagêd mêntas awakipun piyambak. Pinanggihing pangrêmbag, nglajêngakên sakolah dhatêng pamulangan dhoktêr Jawi ing nagari Batawi, tanpa bayaran, manggèn salêbêting sakolahan, malah angsal papancèn arta kangge gembolan. Sasarêngan untab-untaban kemawon kalihan putra pulunanipun, putranipun ingkang raka dhoktêr Sudira Husada.

Pasinaonipun wontên pamulangan dhoktêr Jawi lêstantun tumêmên kados nalika wontên sakolahan andhap, malah tambah kasrêgêpanipun, amargi ngèngêti ingkang dipun sinau saya kathah, tur awrat-awrat, nanging labêting tumêmên, srêgêp, dhasar botên kêthul ing panggalih, ajaran bab punapa kemawon tamtu sagêd mangêrtos sayêktos, botên namung apalan, dhatêng wosipun bab-bab ingkang dipun sinau, dalah sêsambêtanipun [sê...]

--- 10 ---

[...sambêtanipun] kalihan bab-bab sanès ingkang gêgayutan, sagêd cêtha, têrang pipilahanipun, kados ta: kawruh alam, kawruh kodrat, kawruh pamisah, kawruh têtêping petang, kawruh ukuran, bab peperanganing badan, sasaminipun ingkang kaajarakên, saya dhatêng kawruh bab gêsang, nyawa, suksma, punika ingkang kalêbêt dipun karêmêni, ngantos gêmêt panyinaunipun, ewadene rumaos dèrèng sagêd anjajagi dhêdhasaranipun, utawi nyakup dhatêng wawadosipun, sanadyan sampun lanyah pitêmbunganipun, botên kewran dhatêng cak-cakanipun mênggahing tumindakipun ing panyambut damêl, ewadene malah tansah mulêt manah, botên kêndhat wontên ing raos- pangraos asring sangêt katuwuhan pitakènaning batos, gêsang punika punapa, kadospundi lampahipun, ingkang katêmbungakên pratitising patrap tumraping agêsang, punika kadospundi. Sanèsipun bab makatên punika wau, dhatêng bab punapa kemawon ingkang sampun kasinau, punika rumaos sampun cêtha sadaya wos-wosipun, dalah gêgayutanipun, ngantos dados paran pitakènanipun para kônca, malah ngantos kinathiking guru kapurih biyantu padamêlanipun.

Dhatêng kasênênganipun nalika alit, kala taksih wontên sakolahan andhap Walandi, botên supe, malah saya rêmên, inggih punika wayang, gôngsa, têtabuhan ingkang dipun karêmêni [ka...]

--- 11 ---

[...rêmêni] nabuh gong, prêlu ngêmong kônca ingkang rêmên tatabuhan, sarta bab jogèt punika manawi nglêrêsi liburan, vacantie, piyambakipun sarta pulunanipun dipun ajarakên abdi dalêm guru jogèd ing Ngayoja. Main selat, pêncak, lagu punapa kemawon mangrêtos, sarta sagêd ngêcakakên, bakunipun rêmên kêrêngan, songkolan, ngantêmi tiyang, punika kraos carêm, bilih ngantos sawatawis dintên botên kêrêngan, songkolan, ngantos kraos gêrah huyang, kirang saras, klowang-klawung, kosok wangsulipun manawi mêntas kêrêngan rumaos saras sangêt, carêm, marêm kados mêntas kalêgan, nênêdha sêgêr-sêgêran, ngantos dados sawung sarayanipun para kônca, dados tukang gêpuk, sabên wontên ramèn-ramèn kêrêngan kampungan, pacinan, ingkang mangajêngi tamtu Sang Raja Iman, sarèhning ing jaman samantên, ingkang dados modhèlipun, sport Gijmnastiek dados inggih angudi, gijmnastiek suwau Gijmnastiek punika sampun dipun gulang murid-murid dhoktêr Jawi, nanging lajêng kaawisan, amargi kathah kasangsaranipun. Lajêng Bagus Rajiman, nyuwun palilah gêsanging Gijmnastiêk wau, sarta piyambakipun ingkang dados panuntunipun, lajêng malah kaparingan guru Gijmnastiek. Manawi ing Batawi kadhatêngan komidhi-komidhi kados ta: harêm seton, Cercus ingkang mawi tingalan, Gijmnastiek, saantukipun ningali sanajan sampun dalu Bagus Rajiman lajêng nulad mainipun [mainipu...]

--- 12 ---

[...n] Gijmnastiek ingkang enggal. Rikala jumênênganipun, H.M. de Koningin Wilhelmina kêmpalanipun, Gijmnastiek para murid dhoktêr Jawi ngêdali wontên ing kêbon binatang ing Batawi kaèstrèna ning G-G. Bagus Rajiman ingkang dados pangajêng (voorwerker). Tandukipun pasrawungan, kakancan, sakalangkung pangêmongipun, saya kalihan pulunanipun, sanadyan dipun jênggungi, kèndêl malah anggugujêng kemawon.

Watakipun Sang Raja Iman, kajawi kasênênganipun makatên wau, srêgêp sinau, gêmi dhatêng arta, satiti dhatêng sawarnining panindak, kasêmbuh rêmên momong, mila dados uyunaning kônca. Tirahani arta gembolan, dipun cèlèngi, kaênthil-ênthil kangge jagaruna bilih wontên prêlu punapa-punapa. Sampun dados kalimrahaning lare, langkung malih para mahasiswa, rêmên sumyak-sumyak, suka-suka parisuka. Nuju satunggiling dintên, kintên-kintên tanggal sêpuh Walandi, kathah ingkang sampun botên nyêpêng ata,arta. mêksa sami ajak-ajakan sopyan-sopyan. Sang Raja Iman awrat, wangsulanipun, digawe ragad apa wowong. wis ora padha duwe dhuwit ngene, bok uwis, jing nrima dhingin. Suleman pulunanipun, (samangke dhoktêr Mangun Husada) ingkang andhadhagi, iya aku ragade, kiriman saka bapak dhèk wingi. Cêkakipun dados sopyan-sopyan, tabuhan, jogèdan, nêdha, inum-inuman, Sang Raja Iman sampun botên andugi, ngrêtos watak [wata...]

--- 13 ---

[...k] wantuning pulunanipun, gampilan, rêmên sêmbranan. Sang Raja Iman nuwèni celenganipun, sampun pêcah, ngintên ingkang wanuh wani mêndhêt tamtu namung sang Suleman, pulunanipun., wangsul dhatêng papan paramèn, sajak kêmba, kèndêl kemawon, sang pulunan Suleman mangêrtos, malah sumyak-sumyak, lajêng nyêlaki, kalihan prêtela mêcah celenganipun, kanthi katrangan ngiras ngolok-olok anggènipun gêmi ingkang paman, têmbungipun: urip iku prêlune ora mung nyèlèngi, urip iku sênêng, ambabar, ambuwang. Sang Raja Iman kèndêl kemawon, malah mèsêm kêcut, ing batos kapranan pitêmbunganipun sang pulunan.

Saking têmên-têmêning manah sinartan ing tindak, srêgêp ing damêl, tlatos rêmên sinau, kasêmbuh lantip, limpad pasanging grahita, gangsar pasinaonipun, botên nate botên minggah, tamtu minggahipun, ngantos tamat pasinaonipun ing pamulangan dhoktêr Jawa, nuju tanggal kaping 22 wulan Dhesèmbêr: surya sangkalaning warsa: ngèsthi têrus murtining bumi: 1898.

Botên dangu, namung antawisipun tiga likuran dintên, lajêng katêtêpakên dados dhoktêr Jawi wontên ing nagari Batawi, kabêbahan bab prakawis potongan, amarêngi tanggal kaping 14 wulan Januari 1899, surya sangkalaning warsa: trus gapura murtining jagad. Padamêlanipun sae, dados pangalêman, tindak-tandukipun wontên ing bêbrayan, pasrawungan, [pasrawung...]

--- 14 ---

[...an,] angrêmênakên, gampilan, andhap asor, lêgawa, sagêd nuju prana. Mila kathah ingkang sami rêmên.

IV Ngraosakên lêbêt bab gêsang, tansah nandhang rêkaos.

Sampun dados kalimrahaning ngagêsang mawi jojodhoan, mila sarêng sampun sakintên diwasa, lajêng wontên panantun palakrama, supados prayogi panggêsanganipun, sagêd tata, têntrêm, botên mulatèngi, kêkathahên pamanahan, ngambra-ambra, panantun palakrama wau gadhah raos sawarni pamêksa. Ngraosakên larasan makatên wau, dhoktêr Rajiman karaos-raos, rumaos katotog pamanahan awrat, tuwuh panggarjitanipun: abot têmên lêlakoning urip, tuwuh malih raos-pangraos ingkang sinimpên têlênging batos, urip iku apa, kapriye pratitising trap-trapane. Saya sarêng wontên dhawuhipun ingkang raka, dhoktêr Sudira Husada, bilih sampun kasuwunakên momongan putrinipun prayagung luhur ing Ngayogya. Mrayogèkakên lajêng dipun lampahi, ingkang rama piyambak ugi ngandika, sampun pirêmbagan bab sesemahan kalihan sadhèrèk Sudagar ing Surakarta, sampun dados rêmbagipun, amargi kajawi sampun rujuk kawontênanipun, ingkang rama kalihan badhe malês kasaenan, sampun tamtu kemawon rêmbag-rêmbag [rêmbag-rêmba...]

--- 15 ---

[...g] makatên wau saya notog sangêt dhatêng raos-pangraosipun dhoktêr Rajiman, kalangkung awrat sangêt anggènipun ngraosakên, pundi ingkang kêdah dipun lampahi, miturut ingkang raka punapa miturut rama, kalih-kalihipun sami pikangsalipun tumrap lêlampahaning gêsang kalairan, namung lajêng nama kêdayan ing kawontênan kemawon, nir daya kirang cêtha jêjêring gêsangipun piyambak, mila dhawuhipun ingkang rama, sarta ingkang raka bab sesemahan, botên dipun tampèni sadaya, badhe madosi, ngraosakên jêjêr, sarta kawontênaning gêsang, punika kadospundi. Sarèhning kawontênaning gêsang punika ing sêmu miturut kawujudanipun punika gadhah jêjêr piyambak-piyambak, mila badhe ngyêktosakên kawontênan wau miturut jêjêripun: mribadi, nurut sasakecanipun raos pangraosipun piyambak: urip iku sênêng, ambabar kahanan warna-warna. Awit saking dhadhasaraning raos sawêg makatên punika, mila tindakipun ingkang kathah, sawêg anglantur kasênêngan. Miturut pangandikanipun dhoktêr Rajiman piyambak, pintên-pintên: ma, punika kathah ingkang dipun lampahi, nanging kalihan karaosakên lêbêt, babaya, pituna, utawi pigunanipun, ngantos sagêd cêtha, adhakanipun pancèn dados babaya, sambekalaning ngagêsang, dados kapathok kasirik, punika layak kemawon, bobotipun karaosakên lêbêt, mêksa karaos, botên [botê...]

--- 16 ---

[...n] sagêd angsal pamarêm saking nglantur kasênêngan kemawon, malah ura dhatêng pamanahan, kêrêp ura-uru. Bab sesemahan, lajêng pados piyambak ingkang dipun jodhoni. Dene ingkang taksih tumanêm lêbêt dhatêng ing raos bab rêkaosing lêlampahan ingkang kasandhang ing gêsang, mila tansah kumanthil ing raos dados pitakènan: gêsang punika punapa, pratitising patrap lêlampahaning gêsang, punika kadospundi, rumaos dèrèng sagêd narbuka cangkrimaning raos makatên wau ingkang ngantos marêm. Rèhning dhadhasaraning raos dèrèng gumathok, mila cak-cakanipun anggèning matrapakên lampahing gêsang, tindak-tandukipun, inggih sawêg miturut dhadhasaraning raos ingkang dados paugêran nalika nindakakên bab wau.

V Pindhah-pindhah panggenan, taksih ngraosakên lêbêt, rêkaosipun lêlampahaning gêsang

Tumindaking padamêlan, dados pangalêman, saya pasrawunganipun sae, sumrambah, dhatêng sintên kemawon, kathah kasaenanipun, kathah ingkang sami rêmên, sih trêsna, rumaos kapotangan kasaenan, saking ènthèngan, lan gampilan. Ingkang tansah tumanêm ing raos namung bab rêkaosipun lêlampahaning gêsang.

--- 17 ---

Saking Batawi kapindhah dhatêng Banyumas, lajêng kapindhah dhatêng Samarang, bêbahanipun inggih motong malih (Chirurgische afdeeling), wiwit têpang kalihan: R. Prawiraharja, kandhidhat guru, jalaranipun têpang, saking sakit dipun jampèni, kaupakara sae sabarang-barangipun, awit kala samantên, kandhidhat guru punika blanjanipun sakêdhik sangêt. R. Prawiraharja rumaos kapotangan kasaenan agêng, botên sagêd sah sinauran bandha donya, lajêng dados mitra darma sakalangkung supêkêt, dangu-dangu kados sadhèrèk sinarawèdi, ngantos lajêng manggèn nunggil sagriya, sagêd gêgosokan bajongan kawruh warni-warni, bab basa, sarta kawruh jêjêring gêsang, salong larasan Teyosopi. Miturut cariyosipun Radèn Prawiraharja nalika tutunggilan punika, dhoktêr Rajiman sawêg brangta larasan pangudining kawruh cara kilènan, sarta ngraosakên larasaning Teyosopi sawatawis.

Lajêng kapindhah dhatêng Madiun, nunggil malih kalihan: R. Prawiraharja, wontên ing ngriku tuwuh malih raosipun rêkaosing gêsang, malah saya sangêt, kawêwahan pawartos bêngganging pasadhèrèkanipun ingkang rama kalihan ingkang raka dhoktêr Wahidin bab sesemahanipun dhoktêr Rajiman, têmbenipun sagêd supêkêt malih. Kawontênan makatên punika ugi mitulungi [mitulung...]

--- 18 ---

[...i] dhatêng jêjêring gêsangipun. Dhoktêr Rajiman botên mituruti pitêdahipun ingkang rama sarta ingkang raka, mila lajêng emah-emah saking kajêngipun piyambak, kanthi pandugi bokmanawi bab nalar salaki rabi lajêng sirêp, wasana kadadosanipun kados ing nginggil wau, kawêwahah ribêdipun, dene anggènipun emah-emah piyambak botên nêntrêmakên anggènipun gêgriya, amargi kirang supêkêtipun bojo kalihan tiyang sêpuh èstri, ingkang ing wêkdal samantên wontên ing Madiun tunggil sagriya, saking pêpêt putêking manah, môngka sranani anggènipun badhe angicali raos ingkang makatên punika kanthi nindakakên sakathahing: ma, tamtu kemawon tanpa daya, dados gêlênging manah wêkdal punika kados-kados ingkang sagêd angluwari raos punika wau namung anyupêt lêlampahanipun nganyut jiwa, namung kêpalang ing raos, dene nyumêrêpi êmbokipun, kawêwahan ribêd malih, dhoktêr Rajiman putung bahunipun kiwa, amargi tumpakanipun tumbukan kalihan kreta sanès. Salêbêtipun taksih sakit, antawis tigang dintên lajêng pisahan kalihan bojonipun. Manawi kalaras saking sêpênipun piwulang agami ing kala alitipun, dados pêtênging manahipun dhoktêr Rajiman, punika botên anèh, dene tanpa cêcêpêngan,

--- 19 ---

(gandhulan) mila namung cipta badhe nyupêt lêlampahan nganyut jiwa.

VI Wiwit kawêngan ngudi kabatosan

Lêlampahan makatên wau nuwuhakên raos pangraos, manawi kawontênan, lêlampahan ingkang kasandhang punika sambêt kalihan pakarti wataking gêsang, sarana pandamêl saking rumagangipun pirantosing gêsang, awit saking punika saya nêsêgakên pangungsêd: gêsang punika punapa, sarta kadospundi pratitising pamatrapipun, ngantos kawênganing raos, jêjêring gêsang punika dede kawontênan kawujudan, sadaya wau namung kridhaning gêsang, ayang-ayangan, babaraning gêsang, lajêng rêmbagan kalihan kir mistêr Madiun, mitranipun: anggêguru ngèlmi sêpuh dhatêng pangulu nglamês, wawêngkon Madiun, nama Kyai Burham, wiridanipun larasan agami, mèmpêr suluk, sarta wirid, ragi sagêd mêngakakên pêpêting manah sawatawis, nanging rumaos dèrèng cumêplong, kalajêngakên pangungsêdipun. Pinuju kala samantên tampi buku alit, bab Vrijmetselarij isinipun anggugah manahipun dhoktêr Rajiman, ingkang taksih angudi; urip punika punapa sarta punapa prêlunipun, [prêlunipu...]

--- 20 ---

[...n,] ugi ing wêkdal punika dhoktêr Rajiman nyinau Philosofie sagadugipun sarta sakobêripun.

Dhoktêr Rajiman pitêpangan kalihan tuwan: Inlopên Labêrton, golongan teyosopi, sarta asring rêmbagan bab kawontênaning gêsang, rêkaosing panandhang, angsal ular-ular katrangan miturut larasaning kawruh teyosopi, gêsang punika langgêng, ngangge prabot badan wadhag, sarta badan-badan alus. Jêjêring manungsa, punika gêsang ingkang ngrasuk pirantos, utawi badan alus sangêt. Katêmbungakên: Atma, budi, manas, utawi gêsang ngrasuk badan cahya, (papadhang, budi) sarta pamikir. Sanèsipun badan wau, kalêbêt peranganing badan wadhag, sami risak miturut kalamangsanipun piyambak-piyambak. Atma, budi, manas, ing kadados jêjêring manungsa punika langgêng, makarti, nanêm, sarta ngundhuh wohing pandamêlipun. Badanipun wadhag, badan rangkêpan, badan pangraos, tuwin badan pamikir asor, punika ingkang risak, sontan-santun, miturut jêjêring pakarti, pangèsthi, lan kawontênanipun, makatên kawontênaning panandhang, saking pakartinipun manungsa piyambak, lajêng dados papasthèn, cocog kalihan wawaton ingkang katêmbungakên: sapa nandur bakal ngundhuh.

--- 21 ---

[Grafik]

Gambar larikan ngandhap ingkang sami lênggah, saking kiwa ôngka 5, saking têngên mangiwa ôngka 7; punika dhoktêr Rajiman, nalika dados pambantu guru pawiyatan dhoktêr, sanèsipun para siswa.

VII Kapindhah dhatêng Batawi dados pambantu guru (asistèn lerar)

Saking Madiun, kapindhah dhatêng Batawi dados pambantu guru sakolahan dhoktêr, kalihan anglajêngakên pasinaon [pasinao...]

--- 22 ---

[...n] ngangkah sasêbutan, titel Inlandsche arts. Saking têmên-têmên tumêmêning pambudi, sagêd kalêksanan lulus pandadaranipun dhoktêr India, Ind. Arts wau, anggènipun dados pambantu guru cêkap, cakêp kapitadosing guru agêng, utawi maha guru.

Wiwit saking Madiun, pindhah ing Batawi, salajêngipun dumugi samangke, punika sampun kuwijèn kawruh kabatosan larasan Jawi, sarta lajêng kapardi kaparsudi sayêktos ngantos lêbêt, kalaras kalihan kawruh kabatosan, kasuksman lan sanès-sanèsipun. Dhoktêr Rajiman ugi tumut marsudi sarta dados warga pakêmpalan Teyosopi. Mênggah tujuning pakêmpalan Teyosopi punika 1e. pasadhèrèkaning kamanungsan, sih sinihan, 2e. nyinau sawarnining agami, sagêda ngrêtos dhadhasaran sarta wosipun. 3e. sagêda anggêgêsang, sarta migunakakên daya kawasaning gêsang ingkang taksih ginaib, kangge sarana mangun karahayon. Sanadyan botên katamtokakên ing pranatan botên kenging nêdha daging, kathah para warganing pakêmpalan Teyosopi ingkang ngulinakakên cêcêgah, sêsirih, botên nêdha ulam ambêgan, namung nêdha kuluban kemawon, ngantos kalimrah dados panganggêping ngakathah, pakêmpalan Teyosopi punika dhêdhasaranipun botên nêdha ulam ambêgan namung nêdha bangsaning kuluban. Sayêktosipun makatên wau lampah limrah nglaluri pusaka Jawi cêgah dhahar guling, ngingirangi nêdha lan tilêm, mangrèh

--- 23 ---

hawa napsu, prihatos. Mamangun marta martani, rahayuning dumadi, sapiturutipun ingkang kawarsita kawarahakên ing sêrat-sêrat Jawi. Dhoktêr Rajiman ugi nglampahi cêcêgah makatên wau, sarta madosi wawadosipun, kadospundi dene cêgah nêdha lan tilêm, tuwin prihatos punika asring sagêd ambabarakên daya kawasa gaib. Dene kawruh Teyosopi ingkang sagêd damêl pajaring pêpêtêngipun dhoktêr Rajiman, sawatawis inggih punika bab tumimbal lairipun jiwaning manungsa, Reincarnatie. Kabêkta saking pakaryanipun piyambak, karma. Ing wêkdal punika dhoktêr Rajiman, angsal pitêpangan Nyonyah Zehenter kalihan tuwan Warstadr. Sasarêngan ngudi spiritisme. Prasasat sabên malêm Minggu kêmpalan lan nindakakên Sceans. Ingkang dados medium nyonyah punika wau, sawijining sceans amêca manawi bojonipun dhoktêr Rajiman (kala samantên sampun emah-emah malih kalihan lare Bêtawi) badhe gadhah anak wontên ing lawang. Lawang mêdal èstri supados dipun namakakên Sêtyawati.

VIII Kapindhah dhatêng Sragèn

Antawisipun taun surya 1904-1905, dhoktêr Rajiman kapindhah dhatêng kitha Sragèn, bawah dalêm ing nagari Surakarta Adiningrat, taksih suwita ing Kangjêng Guprêmèn. nalika samantên sawêg berag-beragipun ing kawruh Teyosopi, kasêmbuh [kasê...]

--- 24 ---

[...mbuh] sampun gêgêd raos-raos larasan Jawi, dhadhasar wêkêl ing damêl, srêgêp mardi marsudi ingkang dados pangèsthi, cakêp-cêkap ing wajib, sumarambahing kathah, kalihan nêtêpi tumindak ing wajib, nyambi nglêbêti dhatêng padhusunan, sarta pakampungan, botên ngetang rêkaos lan awrat. Tandukipun ngènthèngakên pitulungan, kababar dhatêng sadhengah, sampun malih dhatêng para sadhèrèk ingkang sekeng, sanadyan dhatêng para sadhèrèk sugih, punapa dene kacêkapan, bôngsa punapa kemawon, manawi botên parlu sangêt, botên nate ngrèkêning pabeya tumindaking kadhoktêran, môngka tumindakipun kangge gampil, ènthèng nindakakên pitulungan, dhadhasar sih sutrêsna saèstu, sampun layak kemawon tuwuhing sih sutrêsnanipun para sadhèrèk, bôngsa punapa kemawon, lajêng enggal andados. Asmanipun dhoktêr Rajiman lajêng misuwur sae, kathah ingkang sami trêsna asih saèstu. Botên namung bageyan andhap ingkang asring kaberan kadarmaning panggalih tampi pitulungan panindaking kadhoktêran, para tuwan-tuwan, para pangagêng Jawi, para tuwan-tuwan siyan sing kathah ingkang sami sih sutrêsna gulêt guyub kata tangi ing raos dhatêng rèhing karahayon, kajatèning gêsang, marsudi kautaman, sarana kagunan kabudayanipun piyambak, ngangkah prasêtyanipun dhatêng pakêmpalan Teyosopi ing anggêr-anggêripun satunggal: pasadhèrèkaning kamanungsan.

--- 25 ---

Nalika samantên ing Sragèn sawêg misuwur mardika kawin, gêndheng-gêndhing, miwah raos Jawi, ingkang jumênêng Bupati KRMT Sumanagara, mantu GBKPH Kusumadiningrat, kliwonipun: Gitawadanan. Mantrinipun kabupatèn saking Surakarta, Citra Hanjayan. (suwau jajar Saragêni nama Ki Yudanggêni, lajêng pindhah dhatêng pangrèh praja wiwit pangkat alit) ingkang lajêng jumênêng bupati pulisi Klathèn, lajêng kapindhah dhatêng Bayalali, misuwur rêmênipun ngayomi kawula alit. Kapènsiyun, lajêng dêdalêm ing Sragèn, dumugi seda. Nalika dhoktêr Rajiman wontên ing Sragèn, kala samantên lajêng ngêdêgakên pakêmpalan pasraseyan nama: "Wedha Sancaya" pikajêngipun: dadosa paugêraning papadhang, ngrêmbag kawruh sarta raos Jawi, ngantos kawêntar ing Sragèn dados kêdhunging para gambèn marsudi raos Jawi, amargi kala samantên dèrèng patos kathah pakêmpalan.

Kajawi tumut pakêmpalan Wedha Sancaya, dhoktêr Rajiman ugi tumut angramèkakên pakêmpalan Teyosopi ing Surakarta.

Nalika samantên nagari ing praja dalêm Surakarta bêtah dhoktêr malih, dhoktêripun Walandi taksih Tuwan Eman. Dhoktêr Rajiman kaaturakên, ingkang jumênêng Papatih dalêm, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat kaping IV paparab Kangjêng Ngendraprastha. Sawêg karêmbag, dhoktêr Rajiman kapindhah dhatêng ing Nglawang, andadosakên awrating manahipun para sadhèrèk ingkang sami

--- 26 ---

sih sutrêsna, kapisah kalihan mitra darma prasasat sadhèrèk sinarawèdi. Dhoktêr Rajiman bebeja: badhe tutunggilan malih. Pitêmbungan makatên wau, sakawit namung dados pangarêm-arêm, wusana kanyataan saèstu.

[Grafik]

Gambar sisih têngên ngadêg punika dhoktêr Rajiman, èstri ingkang lênggah kursi punika semahipun, rare alit ing têngah punika ingkang putra patutanipun nama Rara Sêtyawati.

--- 27 ---

IX Kapindhah dhatêng Nglawang

Kapindhah dhatêng Nglawang punika dados dhoktêr wontên ing griya sakit ewah, nanging namung sadasa wulanan, sagêd niti, sarta nanangi sêrênging pangudi dhatêng kawruh kasuksman (Pêsikologi) tuwin anglajêngakên marsudi kawruh Teyosopi babagan kabatosan, okoltis, bab ingkang gaib-gaib lan samar, mlêbêt ing golongan esotèris, pamarsudi gaib, rêmên anglampahi sêsirih, botên nêdha ulam ambêgan (pegetaris) sarta sanèsipun. Sawêg barèg-berag, ambabrag. Sasêlaning wajib, rêmên nênêpi, damêl papan ing sacêlaking griya sakit ing Sumbêr Porong, Nglawang, wontên pêpèrènging rêdi urutipun rêdi Tênggêr ngongkang lèpèn, apatrap ngênêng ngêningakên cipta, sagêd nyatakakên wêcanipun modhiyum ing Batawi kalih taunan kapêngkêr, sarta asring-asring sôsorah Teyosopi dhatêng ing Surabaya ing kalanganipun para tuwan Walandi mawi basa Walandi, lêbêt panyuraosipun, rêsik oncèk-oncèkanipun, lajêng saya katingal asmanipun.

Salêbêtipun wontên ing Nglawang sadasa wulanan punika tansah sasêratan anglajêngakên rêmbag pasuwitan ing praja dalêm Surakarta [Su...]

--- 28 ---

[...rakarta] Adiningrat, ngantos rampung pangrêmbagipun, kadadosan suwita wontên ing praja dalêm Karaton Surakarta, amarêngi kaping 26 Agustus 1906 kapangkat mantri nayaka jawi golongan kabupatèn panumping, nama Mas Ngabèi Dhoktêr Mangun Husada, kaparingan gadhuhan sabin gangsal jung, pamêdalipun satêngah taun wolung atus, katambahan balônja wulanan, f 50 sarênganipun kala samantên, dhoktêr Sukarja, ugi kapangkat mantri nayaka lêbêt, golongan kabupatèn gêdhong têngên, nama Mas Ngabèi dhoktêr Wirya Husada. Dhoktêr kalih wau majibi abdi dalêm lurah, bêkêl, jajar mangandhap. Tumrap abdi dalêm rôngga, dêmang, mantri minggah dhoktêripun tuwan dhoktêr Hijmans van anrooij mawi kaparingan jampi, nanging taksih kaangge awis. Tumrap lurah bêkêl jajar mangandhap wau bab jampinipun taksih tumbas piyambak.

--- 29 ---

[Grafik]

Dhoktêr Rajiman nalika wiwit wontên ing Surakarta nama Mas Ngabèi dhoktêr Mangun Husada.

X Wontên ing Surakarta Adiningrat

Tumindakipun nyambut damêl, mujudakên cêtha ingkang katêmbungakên anêtêpi wajibing gêsang, srêgêp sarta têtêpipun dhatêng wanci ngantos kados wataking kodrat, prasasat botên nate ewah,

--- 30 ---

nyambut damêl enjing punika ngantos kalih rambahan, tarkadhang kaping tiga. Enjing umun-umun, bêbasan tangi tilêm gregah, sampun nyambut damêl, sarampungipun, lajêng mlêbêt ing dalêm, bokmanawi wedangan sakêdhap, mêdal malih nyambut damêl, anjampèni, sarta ngrêsèpi. Botên namung ingkang sampun kawajibakên: rôngga, dêma,dêmang. panèwu mantri minggah dalah ingkang sanès kawula dalêm, ingkang lêrêsipun dhatêng dhoktêran Walandi, utawi dhoktêr sanèsipun, sarêng Mangun Husadan wontên, kamirêngan sae tumindakipun, sarta kathah ingkang jodho, ngantos kawartosakên asring mawi ngêcakakên daya kikiyatan gaib, kathah ingkang kapilayu, prasasat ngorêgakên Surakarta, kathah sangêt ingkang nêdha tulung anjampèkakên, ngantos kados pasar tumawon, kula piyambak anglampahi prasasat sabên enjing anjampèkakên mripat. Ngantos ragi siyang sawêg rampung, lajêng mlêbêt malih, mêdal sampun dandos badhe putêr, tarkadhang taksih wontên ingkang dhatêng sawatawis, ugi lajêng kapitulungan. Sarampungipun lajêng putêr numpak dhokar, sairib cikar ing tanah pasisir, tarkadhang ngusiri piyambak, manawi botên ngusiri, tamtu maos sêrat-sêrat, apêsipun sêrat kabar. Botên wontên wanci ingkang botên kapigunakakên kangge tumandang damêl, kajawi wanci ngaso, tilêm, ewadene mêksa kapigunakakên kangge nglalantih matrapakên ênêng-êninging manah, ingkang lêrêm saèstu namung badanipun wadhag, [wa...]

--- 31 ---

[...dhag,] raos pangraos, pamikir tarkadhang budinipun, utawi cipta, ripta, rasa, karsanipun mêksa rumagang wontên ing alam gaib, makatên wau, bilih ingkang sampun ngalami, tumrap kabêtahan ngasokakên badan wadhag pangrêksaning kasarasan, sampun langkung nyêkapi, manawi kalêrêsan, badan otot bayu balung sungsum sagêd tuntum karaos sêgêr saras, manah ayêm têntrêm, carêm marêm, ngantos anjalari tanduking tumindak sagêd pratitis, makatên kawontênanipun ingkang katingal ing kathah nalika wèntên ing Surakarta wiwitan.

XI Kamayaranipun abdi dalêm wontênipun kagungan dalêm panti roga

Wiwit wontên ing Surakarta dhoktêr Rajiman Mangun Husada kaparingan manggèn griya ngiras poliklinik, ing kampung Kapatihan wetan, ngajêng Paksa Prajan ingkang têmbenipun lajêng kadalêman, kasêbut ing Wedyadiningratan ngantos samangke. Wontên Kapatihan wetan ngantos dangu, lajêng kadhawuhan pindhah ambalabagi wontên ing kampung PanumpiPanumping. sakilèn sèksi pulisi Mangunjayan samangke, nanging sabên dintên, manawi parlu malah enjing sontên, botênipun enjing tamtu taksih dhatêng poliklinik ing kampung Kapatihan wau, awit saya kathah ingkang dhatêng. Kala samantên lajêng wontên ada-ada, murih sami ènthèngipun, kathah para abdi dalêm ingkang asring dhatêng poliklinik, [po...]

--- 32 ---

[...liklinik,] sabên wulan urunan sakadaripun kangge tumbasan jampi, awit abdi dalêm lurah mangandhap, dumugi kawula dalêm, punika ing pamanah kirang kuwawi katamtokakên tumbas jampi piyambak, inggih wontên ingkang sagêd, nanging namung satunggal kalih, mila ada-ada kados dene pakêmpalan angwontênakên urunan tumbasan jampi, punika kathah ingkang condhong tumut, tumindak ngantos sawatawis, lajêng kamirêngan suwargi Kangjêng Radèn Adipati Sastradiningrat ing Endraprastha, nagari ugi paring urunan, dangu-dangu dhoktêr Rajiman Mangun Husada mrayogèkakên, urunan saking para ambêtahakên wau kasuwak, mligi saking nagari kemawon murih mayaring waragad, karêmbag kalihan Apotekêr Akunas, sagêd kacondhongan.

Dangu-dangu saya agêng, dhasar tumrap praja ing Karaton Dalêm Surakarta ugi parlu ngwontênakên pangrêksaning kasarasan, lajêng wiwit ngrêmbag angwontênakên panti raga, rêmbag sakawit badhe wontên ing Jèbrès, ingkang samangke lajêng dados griya sakit sèndhêng, nanging kala samantên botên kadadosan, amargi angsalipun toya taksih rêkaos, pamrayoginipun dhoktêr Rajiman Mangun Husada: parlu angsal papan cêlak toya, nagari lajêng mundhut tumbas griya loji sapapanipun ing kampung Kadipala kadadosakên Panti Raga dumugi samangke punika, mêngkêrakên lèpèn, sumur-sumur cèthèk. Sakawit namung

--- 33 ---

griya loji satunggal, lajêng ngêlar-ngêlar saya agêng dumugi samangke, sêmunipun taksih badhe kaagêngakên malih, pinuji kalêksanan.

XII Bêtah sagêd têmbung jawi

Namanipun dhoktêr Rajiman Mangun Husada, saya jêmbar têbanipun, wontên ing golongan punapa kemawon, saya wontên ing kêjawèn, ngandhap nginggil, agêng alit, kasrawung. Awit saking punika, karaos bêtah sagêd têmbung Jawi, parlu sagêda anggampilakên tumindaking kawajiban kadhoktêran, awit rumaos cingkrang sangêt, môngka ugi bêtah sangêt, nanging botên sagêt angsal pasinaon sayêktos, kajawi rêkaos angsalipun guru têmbung Jawi ingkang sagêd mulang sasêlaning wajib, ing pangangkah sagêda sampun ngantos nilar wajib, môngka wajib kadhoktêran, kaangkah dipun têtêpi, sampun prasasat tanpa sêla, sabên wanci isi, langkung malih manawi môngsa sasakit, rintên dalu dipun gobyagi andhatêngi para sakit ingkang ambêtahakên. Pêpuntonipun narimah sinau piyambak, ngangkah ngathahakên maos sêrat-sêrat Jawi, kenging katindakakên sawanci-wanci sasêlanipun anjampèni, mila manawi nglêrêsi botên nindakakên wajib, kenging katamtokakên maos warni-warni, prasatprasasat. botên nate nganggur, sadaya wanci kapigunakakên, mila sêrat-sêrat Jawi ingkang parlu-parlu kathah ingkang kasrambah kawaos [kawao...]

--- 34 ---

[...s] ingkang mranani panggalih dipun pêthiki kaapalakên kacakup raosipun, mila kathah ingkang asring gumun, dene ngantos anglangkungi para marsudi, bobotipun botên nate ngambah pasinaon basa Jawi, sagêd dipun nyakup nyakêp raosipun sêrat-sêrat Jawi ngantos sagêd nyaring pathinipun.

Wiwitanipun ingkang kangge sinau sêrat Arjuna Sasrabahu. Pancènipun ingkang badhe kasinau, jarwa têgêsing pitêmbunganipun, wusana mrangguli suraos ingkang mranani panggalih, kalajêngakên nêlasakên cacriyosanipun, sarta niti sasanggitaning cariyos, dalah raos suraosipun, ngantos tamat, têgêsing pitêmbungan, miwah jarwanipun namung sambèn, mila dhatêng pitêmbungan Jawi, taksih rumaos kathah kacingkranganipun, nanging inggih sampun lowung, langkung malih dhatêng raos suraosing cariyos, pathining sêrat-sêrat Jawi, ingkang gêgayutan kabatosan, kamanungsan, kasuksman, kajiwan, jêjêring gêsang, punika kacakup kacakêp sadaya, mênggah isining sêrat Arjunasasra ingkang mranani panggalih wau bab ginêmipun Patih Prahastha kalihan Prabu Rahwana Ratu pulunanipun, saka soripun kalihan prabu Arjuna Sasra kaglèdhèg rodhaning kareta titihanipun, môngka suwau sampun kinawasa kinari lan ing dewa saking tapabratanipun, kawênangakên mênang kalihan sadaya titah, wusana nêmahi kasor kawirang-wirangakên kangge pangewan-ewan kasèrèt kareta, lajêng kawêlèhakên [kawêlèh...]

--- 35 ---

[...akên] ingkang paman Patih Prahastha, pitêmbunganipun makatên:

Sinom

Sang Prabu Arjuna Sasra / gèdhèg tan arsa nauri / ature Patih Prahastha / mila marase tan sipi / anarka dèn patèni / nanging kabatinanipun / iki ratu utama / lan ingsun wus angaturi / nuwunakên apura ing Dasamuka//

sayêkti lamun apura / ing dosa ratu utami / sigra nolih Dasamuka / Prahastha Rêkyana Patih / lah ta pundi kang sisip / gyan kawula darbe atur / sampun wani nglawan prang / lawan Prabu Maèspati / pan ing mangke tan wontên luput sakêcap//

sira ratu punggung mudha / tan amrih têpa palupi / mring ratu kang gunatama / patitis prawira sêkti / Sang Prabu Maèspati / têtêp prawira dibya nung / nora pantês dèn mêngsah / kinawulan pantês yêkti / malah-malah katuladan prawira//

ngamungakên ciya-ciya / ngandêlakên sihing uni / ing Sang Hyang Jagad pratingkah / môngsa kêna ati nagih / ala kalawan bêcik / mung awak dhewe kang mandum / iya ingkang rumêksa / sanadyan wus wahyu uni / lamun ala tingkahe wahyune sirna//

Mênggahing raos suraosipun, ing panglaras: prêlu anjêjêrakên gêsangipun sajati piyambak. Wahyu, kasêktèn, punika sagêdipun dados sarana pangrêksa karaharjaning bawana, parlu linambaran rahayu, sanadyan môndraguna, sura sêkti, digdaya, prawira ing yuda, winahyu, nanging manawi watak tindak tandukipun [tandu...]

--- 36 ---

[...kipun] awon, ngrisakakên bawana, wahyunipun lajêng ical, guna sêktinipun botên dados, lajêng nêmahi apês kados Sang Dasamuka. Asring dados pitakènan, ingkang Maha Kawasa, Dewa, Iswara sapanunggilanipun, manawi wontên ingkang mêsu pujabrata, nyuwun sakti mantra mandraguna, nadyan kasuwun sagêda ngasorakên Hyang Wisesa pisan, tamtu dipun pituruti, mênggah katêranganipun, Sang Hyang Wisesa, ingkang winênang, punika paparingipun punapa-punapa, tandukipun beda kalihan jalma manungsa, sarana lung-lungan tangan, sayêktosipun namung nêtêpi kawasanipun wau sarwa-sarwi maringi, ingkang dados baku jêjêripun, punika pribadinipun piyambak-piyambak, punapa pangèsthinipun, sapintên kadayanipun, tamtu kalêksanan, dipun pituruti, sinamun ing sêmu katêmbungakên: awon sae, punika saking pribadinipun piyambak, ingkang andum, ingkang rumêksa. Wusana namung kasumanggakakên.

XIII Sinau kadhoktêran inggil

Arts.

Awit saking têmên, tumêmên nindakakên wajib, mêsu brata, sêsirih, prihatos, manthêng pangèsthinipun, saya dangu saya misuwur, pêng-pêngan, sumrambahing sadhengah bôngsa, golongan, kathah ingkang nganggêp, kèdhêp, madhêp, ngantos dados kêmbang

--- 37 ---

lambe sae. Nalika samantên Surakarta sawêg rame ngrêmbag Kur'an Jawi damêlanipun ngulama Kyai Bagus Ngarpah, ingkang dipun adani para marsudi kanamakakên pakêmpalan Wara Darma, suwau namung karêmbag wontên sêrat kabar Jawi, ingkang nukarta pènsiyunan jaksa R. M. Suleman, wungsal-wangsul ngantos dados rêmbag agêng-agêngan, dipun ajangi wontên ing Abipraya dipun dhatêngi bôngsa, golongan warni-warni, jêjêl uyêl-uyêlan, pèpèt pipit bêntêt dumugi radinan agêng. Kala samantên Kur'an kasantunan basa sanès, punika raosipun taksih kathah ingkang dèrèng rila. Bagus Ngarpah kawastanan ngewahi, môngka Kur'an kajawèkakên, kalandèkakên, punika sampun wontên dangu, nanging mêksa wontên raos sajak sêling sêrêp. Rêmbagipun Radèn Mas Jaksa Suleman kathah-kathah, sêmu sêrêng, Bagus Ngarpah botên anjawab, sarêng sajak badhe dados kirang prayogi, dhoktêr Rajiman Mangun Husada manêngah miyak sadhèrèk kathah ngantos rêkaos, sarêng sampun mapan, lajêng mêdhar sabda panyapih, kadhapur pitakenan, mrayogèkakên madosi wigatosipun, jêjêring rêmbag, anggènipun Jawèkakên Kur'an punika nawung pikajêngan punapa? Katêranganipun badhe mêncarakên sagêda kathah ingkang ngrêtos suraos lan raosipun, manawi makatên, rèhning dèrèng atul tamtu wontên kuciwanipun, dèrèng marêmakên, mila wajib dipun maklumi. Kaaksama, [Kaaksa...]

--- 38 ---

[...ma,] ngantos dadosakên panarimahipun para sadhèrèk, ical raosipun sênglingsêling. sêrêp. Ananging rèhning Bagus Ngarpah botên anjawab punapa-punapa, ing raos kaanggêp kawon, Kur'an ingkang sampun kajawèkakên rampung, kaêcapakên sampun angsal wolung buku, lajêng botên kalajêngakên, kathah ingkang sami ngraos eman, tujunipun samangke wontên ingkang nglajêngakên anjawèkakên Kur'an, kacithak ngantos dumugi, sagêd kasumêrêpan ing kathah, nambahi pêncaripun agami Islam sumrambah ing pundi-pundi, kathah ingkang kapranan, lajêng ngrasuk Islam.

Taun surya 1908 sabibaripun papêrangan Jêpang ngawonakên Ruslan, nênangi para sadhèrèk Indhonesiah ngwontênakên pakêmpalan, ngangkah kaluhuran, kamulyan lair batos, sagêd dados, nama pakêmpalan: Budi Utama: raos-suraosipun adhadhasar utamaning budi, awit ingkang têtêp sinêbut luhur, punika namung utama, salajêngipun ngrasuk nugraha, pangrêmbagipun wontên ing Ngayogyakarta Adiningrat, kala samantên kawontênanipun Kitha Ngayogyakarta prigêl, dados têlênging papan saking pundi-pundi, têlas-têlasaning sêpur kèndêl ing Ngayogyakarta. Upami sampun kados samangke, sagêd ugi wontên ing Surakarta. Bab punika sampun botên wontên bedanipun, sami turunan têlênging Karaton Mantaram, ingkang sakalangkung parlu kawigatosakên, [kawiga...]

--- 39 ---

[...tosakên,] pambangun têtêping nama Budi Utama saestu, punika ingkang sagêd ngumbulakên ing kaluhuran lan kamulyan lair-batos. Rêmbagipun Budi Utama wiwitan wau rame sangêt, dhêdhasaranipun, tindak-tandukipun kathah sangêt ingkang milih cara kilènan, awit kala taun surya 1908 wau sawêg sulap-sulapipun bôngsa nuswantara kadayan sorotipun tanah kilènan, mila rêmbagipun prasasat ambyak warni satunggal ngancas ngilèn, dhoktêr Rajiman Mangun Husada ngèngêtakên sangêt-sangêt, supados mawi dhêdhasaran wetanan, kabudayanipun piyambak, tuladhanipun cacriyosan wayang, nanging botên dipun paèlu, malah karaos karèmèhakên, sapele, dene ngangkah kaluhuran kamulyaning bôngsa namung sarana wayang, lajêng dados pangece-ece, langkung malih para tuwan, sarta sêrat-sêrat kabar Walandi, anggènipun ngisin-isin kasangêtên, ngantos kados lare alit, sakêdhap-sakêdhap tansah ngêdalakên pangece-ece. Dr. Rajiman metzijn wajang. Ewadene dhoktêr Rajiman botên kêndhak, namung ing batos ngangkah sarana sagêda kaanggêp pamanggihipun, taun surya 1909 wulan Oktobêr dumugi taun 1910 wulan Dhesèmbêr, lajêng dhatêng nagari Walandi nginggahakên pasinaon kadhoktêran, sinau sadasanan wulan, kalampahan angsal sasêbutan Arts. Kala samantên taksih dados pitakènan punapa bôngsa Jawi sagêd tampi nyakup, kawulang kawruh inggil, punapa malih sarèhning bôngsa [bông...]

--- 40 ---

[...sa] Jawi dèrèng kathah ingkang nglêbêti sakolahan têngahan, minggahipun dhatêng sakolahan inggil. Sasampunipun Examen arts dhoktêr Rajiman damêl Voordracht ing Indiscn Genoot-schap ing Den Haag bab: Tambahan pasinaon gêsang lan raosipun bôngsa Jawi, (Bijdrage in de studie van de Javansche Psijce) piyambakipun anggêlarakên, manawi katitik ing kagunanipun sarta kawruh, pikiranipun bôngsa Jawi mêmbat, anggadhahi wawangunan ingkang botên rèmèh, atêgês manawi sagêd tampi pasinaon kawruh luhur ing kilènan. Sasampunipun lajêng pangkatmangkat. dhatêng ing Berlijn nglajêngakên pasinaon padhoktêran, sarta kasêngsêm nalar kadhoktêran ingkang kawêdharakên Tuwan Chrlich amratelakakên manawi wontên jalaran saking Jawi, (kados ta: bacterie) (lumêbêt ing jasatipun manungsa, lajêng gandhèng kalihan prabotipun badan ingkang têmbe lajêng nuwuhakên sasakit, punika Tuwan Chrlich namakakên, Veran kerung) gandhèngipun, bacterie kalihan prabot badan (cel), nanging Tuwan Chrlich botên nêrangakên sababipun sagêd gandhèng. Pangangkahipun dhoktêr Rajiman, pancènipun sarampungipun saking Bêrlin badhe puruhita dhatêng Tuwan Chrlich wau ngudi nalaripun nalar ing nginggil wau miturut caranipun kawruh. (Wetenschappelijk) dêrêngipun manah ingkang makatên wau kadaya saking ungêl-ungêlanipun bôngsa Jawi makatên: "Uwong iku ora bisa katularan laraning wong liya, manawa

--- 41 ---

ora nunggal kringêt". Pamanggihipun dhoktêr Rajiman, lêbêt sangêt suraosing ungêl-ungêlan nginggil wau miturut dhasaring kamanungsan ing lêlampahan sabên dintênipun, salêbêtipun sinau, ningali dhatêng nagari Londen ing Engeland sedanipun raja Inggris Eduward VII ingkang dipun èstrèni para nata cacah 11 iji, kajawi para utusanipun ingkang botên sagêd rawuh, bandhosa kadèkèkakên wontên affuitipoen, mriyêm, botên mawi rêrênggan punapa-punapa, namung kalurupan, bludru wungu (lila) mawi bintang satunggal, katarik para Mariners mantrus, wingkingipun sedan cakêt têngên, Raja ing Duitschland (Keizer Wilhlm) nitih kapal pêthak, pangagêman, Marschalik Inggris warni abrit. Kiwanipun Pangeran Dipati ing Inggris ingkang ing têmbe jumênêng nata, George V ramanipun ingkang jumênêng sapunika, George VI kiwanipun malih, nanging saugi sajajar priyagung kakalih wau ingkang rayi raja Eduward V asmanipun, Hertog van Cannangt ingkang dados pirêmbaganipun para ningali ing ngriku (publiek) inggih punika: (miturut sêrat pawartos wontên kirang langkung tiyang 3 000 000 ingkang ningali) namung kawibawan lan kaluhuranipun raja Duitschland. Kala dhoktêr Rajiman taun 1919 pamit dhatêng Eropah, dados sampunipun pêrang donya agêng, (wereldoorlog) mêrlokakên dhatêng Bèlgi (Belgie) badhe nyumêrêpi tilasipun pêpêrangan ing Belgie numpak montor, badhe wangsulipun dados saking [sa...]

--- 42 ---

[...king] Belgie dhatêng Nederland malih, kèndêlipun wontên watês nagari kalih wau, kêdah kapriksa sêrat-sêratipun pas, (pas) sarta sêratipun montor, sami lênggah wontên ing dingklik panjang, rêraosanipun para ingkang mriksa, (donane beambten) rikala Raja Duitschland (Keizer Welhlm) kaplajêng saking Belgie dhatêng nagari Walandi, inggih kêdah kapriksa kados tiyang limrah sanès-sanèsipun, ugi lênggah wontên dingklik panjang wau, kapara radi dangu sawatawis, amargi ngêntosi Adjudantnipun. Makatên kawontênaning lêlampahan, dèrèng sapintêna dangunipun, suwau kawibawan kaluhuranipun anglangkungi, lajêng santun botên makatên. Wangsul saking nagari Walandi, kagêntosakên dhoktêr Eman, pangkat kaliwon, asma Radèn Ngabèi Wedyadipura, ing batos, malah mantêp, madhêp, têtêp pangudinipun dhatêng kabudayan, langkung malih kabudayan karawitan Jawi, tansah nanangi raos ngantos karaos, kathah ingkang sami kawêngan sayêktos, sumrambah dumugi samangke dhadhasar kabudayan punika dipun wigatosakên sayêktos ing bawana, kantun tumandangipun kemawon, wilujêng kasêmbadan sami ngangkah rahayu.

--- 43 ---

[Grafik]

Dhoktêr Rajiman nalika dados warga rad kawula (Volksraad)

--- 44 ---

XIV Wontên ing kalangan ebah-ebahan

Sasampunipun pakêmpalan Budi Utama lair, sagêd ananangi manah saestu, tumruntun kemawon ada-ada ngwontênakên pakêmpalan-pakêmpalan, kados ta: pakêmpalan sarekat Islam, Indhisê Parte, Yapa Insêtitut, sasaminipun, pakêmpalan agêng alit warni-warni, pakêmpalan politik, Ekonomi, Agami, Kabatosan warni-warni, Sosial, makatên ugi pakêmpalan tunggil damêl. Dhoktêr Rajiman kala samantên lêstantun dados warga Budi Utama, sarta Teyosopi golongan pangudi gaib, (Esotèris) sadhatêngipun saking Eropah angsal sêsêbutan Art, Arts namanipun saya misuwur, wêwah kagatosakên ing kathah, sarta sêmunipun sampun wontên ingkang ngajêngi pamanggihipun, ngangkah kamajêngan punika langkung prayogi dhadhasar kabudayanipun piyambak, mardi kagunan lan raos ingkang cocog kalihan dhadhasaran, tuwin kawontênanipun piyambak, têtêp anggèndholi pamanggihipun ingkang kawêdharakên nalika adêgipun Budi Utama, sakawit namung kaorakakên kemawon, sarêng sampun saking Eropah angsal sasêbutan dhoktêr Inggil, Arts lajêng sawatawis kathah ingkang nganggêp pamanggihipun, langkung malih wontên ing kalangan kajawèn, pancèn sampun [sampu...]

--- 45 ---

[...n] kathah ingkang kadhasaran makatên, kantun nyatakakên kemawon, mila kathah ingkang sami sêngkut damêl pakêmpalan lan mardi kagunan lan kabudayan, ringgitan wacucal waunipun sampun mèh ical, lajêng gêsang malih, malah rêgêng, pasinaon dhalang Radya Pustaka ing Surakarta ingkang nama Padha Suka, lêstantun dumugi sapriki, malah kasusul pasinaon dhalang ing Ngayogyakarta nama Abirandha, pakêmpalan mardi bêksa sumrambah dumugi Eropah, pasinaon têmbang Macapat, sêkar agêng tabuhan gôngsa, Santiswara, sasaminipun lajêng gêsang malih, ingkang manitra punika kapilayu katut marsudi punapa ingkang dipun kaconggahi, sasagêd-sagêdipun.

Manawi sosorah, dhoktêr Rajiman kenging katamtokakên mawi rangkêpan pasaksèn sêrat-sêrat Jawi, kados ta: nalika damêl Preadvies ing Conggres Budi Utama taun 1921 bab reconstructie idee der Javaansche Maat Chappij. Dhoktêr Rajiman ugi nglêbêti dados warga Algemeene Vrijmetsê larij amargi tansah nandhang pangraosing manah susah kabêkta saking warni-warni sasanggèn, sarta ingkang lêstantun nuwuhakên pitakènan: apa jêjêring urip sarta apa prêlune. Nadyan pikiranipun sagêd nyakupi wulangipun bab karma ing pakêmpalan theosofie ing pangintên ing salêbêtipun dados warga Vrijmetselarij sagêd manggih usadanipun nginggil punika wau, amargi pamirêngipun dhoktêr Rajiman, sadèrèngipun dados warga,

--- 46 ---

manawi ing Vrijmetselarij dhadhasaripun ugi broederschap sarta mawi coban, ing wusana kanthi piwulang ingkang wados. Miturut pangraosipun dhoktêr Rajiman, kathah sangêt pasêmonipun ing Vrijmetselarij (...) kapara kirang sangêt gancaripun, kosok wangsulipun kalihan Theosofie dados, mêksa dèrèng têntrêm ing kabatosanipun dhoktêr Rajiman, sanadyan gangsar anggènipun nyambut damêl, sêrat Jawi ingkang asring kangge pasaksèn, kados ta; Sêrat Rama Jawi, karanganipun ingkang minulya Radèn Ngabèi Yasadipura tus Pajang, pujagapujôngga. agêng ing Karaton dalêm Surakarta Adiningrat. Ingkang kêrêp kalairakên kala samantên, ungêl-ungêlanipun; Jêr Basuki Mawa Beya, punika pitêmbunganipun sang Gunawan Konta Wibisana anggènipun nangisi ingkang raka Sang Rahwana nêmahi pêjah dening SaSang. Rama Wijaya kataman sanjata Guwawijaya, sêkar MaskumambaMaskumambang. makatên.

2. dhuh kadangku liwat luwih karya sêdhih / patining narendra / têka nora amrih bêcik / ing mêngko akarya susah //

3. ngandêlakên aji Pônca Sonanèki / êndi toging karya / pangrasane luput pati / êndi ta datan kadia //

11. dhuh kadangku patimu pati rasêksi / dene nguni padha / puruhita basa luwih / mati mari ya rêksasa //

12. ah ngong matur panggawe-awèt basuki / têka anggung galak / tan pinirsa tutur bêcik / dadak-duduka andhupak //

13. parandene pêksa matur kongsi Ail / trêsnaning

--- 47 ---

kêkadang / aja katêkan bilahi / bilahi gagawa bala //

14. ah ah adhuh kadangku tuwa sayêkti / pa gene ta: wuta: / tuli-tuli tanpa tali / mung ala katula-tula //

15. lagi tumon wong kudu nêdya bilahi / gampang tanpa srana / malah kêdah dèn karêpi / jêr basuki mawa beya //

Pada pungkasan ôngka 15 punika kalaras, kawontênan ingkang anjalari bilahi, botên mawi sarana, malah kêdah dipun lampahi kemawon, inggih punika kèlu kapilayu anjurungi hawa napsu, kèlut kalimput luput muput, tansah ngangkah suka-suka parisuka eca lan sakeca, botên ngengêti sasami, jêjêring gêsang, babrayan, sungkaning rêkaos, sapiturutipun, beda ngangkah karaharjan, kautaman, kaluhuran, karahayon, punika parlu dhadhasar sura sudira, purun rêkaos, babasan tekad pati, anggayuh mukti, awit mukti lan mati punika gêgandhèngan dipun lampahi. Inggih punika ingkang dipun pikajêngakên, katêmbungakên: jêr basuki mawa beya.

Nalika pêrang donya agêng taun 1914, panjênênganipun dhoktêr Rajiman jumênêng makili pangarsa pangrèh agêng Budi Utama, usul pamanggih, jagi-jagi bokmanawi katut aradan perangan, kangge nelakakên kasêtyanipun dhatêng nagari siti wutah rah, sarta rêksa rumêksanipun kalihan ing Nedêrlan, pakêmpalan Budi Utama ngatag pakêmpalan umum (open

--- 48 ---

bare Vergadering) ing Sêmarang, nyêdhahi pakêmpalan sarekat Islam, (Ing samantên, sawêg wontên pakêmpalan kalih punika), ngrêmbag pitakenan manawi nagari Walandi sarta Indonesie kadhatêngan mêngsah, kadospundi trajangipun tiyang siti, punapa tumut jagi siti wutah rahipun sasarêngan kalihan pamarentah Walandi punapa botên, pungkasaning rêmbag, wiyar sarta dangu, anelakakên manawi tiyang siti nadyan purun ambiyantu ing paprangan, botên sagêd anglampahi, amargi botên gadhah kasagêdan, salajêngipun pakêmpalan Budi Utama angwontênakên parêpatan agêng ing Bandhung, ngrêmbag bab Militie wusananipun, nyuwuning parentah Indiya-Nèdêrlan, nyuwun pranatan dipun wontêni prawira manasuka, prajurit milisi tiyang siti, kanthi panyuwunan wontênipun rad kawula, mawi warga wawakiling kawula saestu kados ing nagari Walandi, Irstêkamêr, sarta twedhê kamêr. Awit saking warni-warnining pamanggih, sêmunipun parentah taksih kagungan sônggarunggi, dèrèng kaparêng nimbangi pamanggih prayogi usulipun dhoktêr Rajiman ingkang mijil saking sêtya saraya rêksa rumêksa, bab milisi botên kaparêngakên, namung rad kawula lajêng dipun wontêni, kangge wiwitan, ngantos kados kawontênanipun rawulakawula. dumugi samangke punika.

Dhoktêr Rajiman ugi katut kapilih dados warga rad kawula, kathah pamanggihipun ingkang maedahi tanah Indhunesi,Indhonesia. ugi wontên pamanggihipun ingkang sakalangkung maedahi ing praja [pra...]

--- 49 ---

[...ja] karaton Jawi sakawan, wosing pamanggih mrayogèkakên ngicali sônggarunggi, sagêda prayogi sasambêtanipun, adhadhasar sih sutrêsna saèstu, aos-ingaosan, pitados-pinitados, nunggil saraos, supados anjalari kaluhuran, kamulyaning lair batos sayêktos, tata têntrêming bawana sami manggih rahayu. Wos-wosing pamanggih, praja Karaton Jawi prayogi kajêjêrakên nêtêpi namanipun: madêg mandhiri pribadi, anggadhahi wawênang samêsthinipun, sagêda ambantu rumêksa saèstu karta tata raharjaning bawana, langkung malih prajanipun piyambak-piyambak. Para patih kajêjêrakên dados papatih ing praja karaton Jawi sayêktos, nêtêpi punapa samêsthinipun, nanging parentah agung India- Nedêrlan dèrèng amarêngakên.

Salêbêtipun dados warga rad kawula, pamit dhatêng Nedêrlan, sinau bab prakawis X-stralen (tahoen 1919-1920) rikala dados Lid, Volks-raad mèh kemawon dados Voorzitter, saking pamilihipun, Volks-raad bab ingkang gêntosi voorzitter. Sakawit, stemipoen dhatêng Mr. Schuurman kalihan dhoktêr Rajiman: sami, lajêng pilihan malih, (herstemming) dhoktêr Rajiman kawon tigang stem. Ing taun 1923 andhèrèkakên Gusti Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, dados utusan dalêm dhatêng nagari Walandi marêngi wiwahan agung, nyaosakên kasugêngan, saha bêkti sungkêm dhatêng Sri Maharaja Putri Wilhèlminah, rikala [ri...]

--- 50 ---

[...kala] ngaturakên pisungsung panganggenipun utusan dalêm Kraton Surakarta prajuritan, G.B.K.P.H. Kusumayuda kalihan dhoktêr Rajiman kadhawuhan dhèrèk dhahar Sang Raja Putri (Lunch) namung wontên priyagung kawan wêlasan, pilihan para luhur (Hofdhouding).

Ing nalika taun 1912 kautus dhatêng nagari Walandi mêthuk putra dalêm, Gusti Bandara Radèn Mas Nawawi, amargi gêrahên, kondur lajêng kajumênêngakên pangeran, asma Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Dêmang Tanpa Nangkil, lajêng seda dèrèng palakrama.

Anggènipun dhatêng Eropah dhoktêr Rajiman punika wongsal-wangsul ngantos kaping sadasa, sabên-sabên nyinau kawruh maligi ingkang kabêtahakên.

--- 51 ---

Kangjêng Radèn Tumênggung dhoktêr Wedyadiningrat, (Dhoktêr Rajiman)

[Grafik]

I. Mangagêm basahan, songkokan.

[Grafik]

II. Mangagêm kanigaran.

--- 52 ---

XV Dados bupati dhoktêr

Awit saking sampun dumugi ing wanci, sarta kathah lêlabêtanipun, kapangkat bupati dhoktêr, asma: Radên Tumênggung Wedyadiningrat, dumugi angsal sasêbutan Kangjêng, kaparingan bintang warni-warni, ngantos ingkang kantun piyambak, bintang Sri Kabadya. Kangjêng Guprêmèn ugi nêngêri bintang, opisiring Ordhê Oranyê Nasao. Ada-adanipun babagan kasarasan: warni-warni, kados ta: dhukun bayi pangajaran, bong: pangajaran, cacar lan sanèsipun, Kabupatènipun dhoktêr nama Kawadanan Kridha Nirmala. Asmanipun saya kawêntar, misuwur ngêbêgi bawana, sadhengah bôngsa, sêpuh anèm prasasat sami sumêrêp, sintên: dhoktêr Rajiman punika, sarta kadospundi kawontênanipun.

Wiwit alit sampun wontên titikanipun linangkung, dados uyunaning lare, minôngka pangayoman tumindak sawênang-wênang lare nakal sapiturutipun, sarêng diwasa saya katingal kalangkunganipun, sarta srêgêp ing damêl, têtêp ing wajib, satiti ing samukawis, gêmi, pratitis nindakakên kabêtahan, susila, parikrama, prasaja, anoraga, botên ngêgung-gungakên, bêkti sungkêm ing yayah rena, ngaosi para sêpuh, sêtya ing kasaenan, botên nate ngraosi nyantên awoning sanès, manawi parlu nêrangakên kangge gêgambaran, tutuladan, nyariyosakên ingkang sampun dipun lampahi piyambak, [pi...]

--- 53 ---

[...yambak,] kanthi dipun mangrêtosi watak wantunipun, sarana kapurunan, mila sagêd amratelakakên, têtela sadaya papacuh punika kathah nyatanipun. Dipun lampahi, punapa dipun singkiri, punika namung kasarahakên, sasampuna sami pariksa pituna lan pigunanipun, bilih nêrak papacuh, punika badhe rapuh, rêkaos, sakit, nanging angsal kawruh. Ngestokakên wawarah badhe bingah, cêtha wela-wela, ma: lima punika dados pôncabaya, ambawur pôncadriya. Paugêranipun: kabatosan, jêjêring gêsang. Warah kabatosan kathah ingkang kaambah, langkung malih wawarah Jawi, ngluhurakên para pujôngga, nyakêp-nyakup wosing cariyos dalah raos-suraosipun, asring ngandharakên pitêmbungan: suradira Jayaningrat, lêbur dening pangastuti, pikajênganipun, kasuran, kadiran, Jaya kawijayan, punika sirna dening pangastuti. Daya kawasaning kodrat, punika sagêd kaêrèh sarana dipun sumêrêpi watak wantunipun, wontênipun palwa udara, baita silêm, sasaminipun, punika saking nyumêrêpi watakipun daya kawasaning kodrat. Ingkang nama pangastuti sajati, punika namung ambabar jêjêripun kajatèning gêsang, mamangun kasaenan, kautaman, karahayon. Wêtahipun ungêl-ungêlan wau makatên:

jagra angkara winangun / sarjana marjayèng wèsthi / puwara kasub kawasa / warsita jro wedha muni / sura dira jayaningrat / lêbur dening [de...]

--- 54 ---

[...ning] pangastuti //

Miturut dêdongènganing sêbat witaradya makatên:

Kacariyos, Pangeran Adipati Anom Radèn Citrasoma, putranipun Prabu Ajipamasa, ing praja Pêngging witaradya gandrung Nyai Pamêkas, semahing wadana punggawa, nama Tumênggung Saralathi ingkang ênèm piyambak, karan Nyai Pamêkas, warninipun ayu endah, prasasat widadari dharat, sarêng kêpanggih piyambakan, kaengêtakên, tindakipun sang Pangeran wau nama tilar Kautaman, paugêraning kamanungsan, ngrisak pagêr ayu semahing abdi, botên kirang kênya sanèsipun ingkang nglangkungi endahing Suwarni, prayogi kasandèkakên karsanipun, botên sagah nglêksanani, ngantêpi kautamaning pawèstri. Sang Pangeran saya adrêng, badhe paripaksa, lajêng sinanggi krami, amargi manawi dipun puguhi malah dados kirang prayogi. Nyai Pamêkas nyuwun dhatêng Sang Pangeran, nyirêpi para panjagi, sasampunipun sami tilêm, Sang Pangeran badhe andumugèkakên karsanapun,karsanipun. Nyai Pamêkas ngengêtakên, bilih sang Pangeran, sarta piyambakipun dèrèng tilêm, langkung malih Sang Hyang Manon, pangrêksaning bawana punika botên sare. Sang Pangeran engêt, manawi wontên ingkang Maha Kawasa, misesa rumêksa bawana, sarta ugi lajêng kraos, bilih para satriya punika ugi dados pangrêksaning bawana, langkung malih Panjênênganipun, kapêksa anyandèkakên karsanipun, [karsani...]

--- 55 ---

[...pun,] sarta paring panarimah, lajêng kondur. Inggih tandukipun Nyai Pamêkas makatên punika ingkang katêmbungakên pangastuti, sagêd nyirnakakên angkara, jagra, jaga angkara winangun, tumrap tindak-tanduk sanèsipun, tamtu wontên lampahipun malih.

Nate ngangge pasaksèn Sêrat Menak, ugi anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura tus Pajang, pujôngga agêng ing Karaton dalêm Surakarta Adiningrat, wawan sabdanipun Sang Amir Hambyah kalihan Prabu Gulangge ing Ngrokam, nalika dèrèng sumêrêp wujudipun, kawastanan, tiyang Agung punika pantêsipun agêng inggil anglangkungi tiyang limrah, sarêng sampun ajêng-ajêngan, sumêrêp warninipun, limrah kemawon, ewadene sagêd ngasorakên para raja agêng-agêng, punapa kadibdyanipun. Sang Surayèng jagad, tiyang Agung Menak Jayèng Murti mratelakakên, bilih namung dados saraya, sarananipun ingkang Maha Kawasa, punika sampun malih jalma manungsa, titah ingkang linangkung, nadyan kewan asor, lêmut punapa sêmut, sagêd angêntasi damêl, awit namung dados lantaran kemawon, wosipun, jêjêripun, punika ingkang Maha Kawasa, ungêl-ungêlanipun Sêrat Menak kapêthik, ungêlipun makatên:

Gambuh

praptèng papan wus pangguh / Sri Gulangge amênêng andulu / atêtanya: sapa wong Arab kang prapti / pidêksa nora gêng luhur / nanging cahyamu mancorong //

sumaur aja tambuh /

--- 56 ---

Sri Gulangge apan iya ingsun / prajurit kang kasub rat surayèng bumi / Prabu Gulangge angrungu / sèlèh gadane nèng pangkon //

sidhakêp astanipun / rajèng rokam samana anjêtung / nora kaya kang agawe bumi langit / lamun akarya lêlakun / tan mantra kêna ginayoh //

cêcêngklungên ragèngsun / yayah brangta marang ing Dyah Ayu / ciptaningsun amrih nuwuki ing jurit / anutug sakayun-kayun / ing ngayuda singa kasor //

kaduga suwitèngsun, kasubing rat bubudènirèki, paramarta sihing dasih lair batin, nanging sun nyana wong Agung, gêdhemu nora samono.

kaya priye tingkahmu / sira numpêsi ditya gung-agung / ingkang padha sadaya pangawak wukir / duk prang wukir napsirèku / liwat saking karya gawok //

mèsêm dènnya sumaur / angèndêlkên ing turangganipun / kadya gajah jajagongan lawan kambing / hèh Sang Prabu Sira mau / ngucap takdiring Hyang Manon //

pan wus tinitah ingsun / anirnakkên dênawa lan diyu / aja mungguh manungsa kang kaya mami / sanadyan rupaa sêmut / yèn kinarsakkên Hyang Manon //

môngsa wurunga iku / lamun kinarya ilapat / tuhu sêmut bisa anggêmpura gunung wêsi / kadigdayanira sêmut / kawasa lamun kinongkon //

Prabu Gulangge guguk / padha krasa sararasanapun /sarêrasanipun. pangwasane sapele manungsa iki / luwih karsane kalimput / apadudon dadi liron //

priye pamisahipun / iya wadhag kalawan kang alus / yèn awèta [a...]

--- 57 ---

[...wèta] têtunggalan masthi sirik / wit ning pinisaha iku / siya-siya wong jêjodhon // ...

wontên malih Sêrat ingkang kêrêp kapêthik kangge sosorah, inggih punika Sêrat Arjuna Wiwaha, limrahipun nama Sêrat Mintaraga, botên namung dipun pêthik kemawon, malah mligi kasorahakên, katêrangakên sarta dipun karang kalêbêtakên Kalawarti Wlandi têngah wulanan, èngêt-èngêtan: Kalawarti Timbul. Mênggah anggènipun mêthiki punika miturut kawontênanipun ingkang kasorahakên, nanging turut bab-babipun, mila kenging kangge niti, nglaras beda-bedaning jaman lan kawontênanipun dhotêrDhoktêr. Rajiman piyambak. Sakawit ingkang kêrêp dipun pêthiki, sarta kangge rêmbagan, sual jawabipun Rêsi Padya makatên: lingira malih Sang Padya, robaya gon sun ningali.

Kinanthi

ing Yogabratanirèku / puniki sampun lêstari / iya ing paningalingwang / Yoganira iku ugi / kaya ta nora sumêlang / nanging mêngko ingsun iki //

têka kandhêg kithal ingsun / sakarone kandhêg ugi / ro baya paningalingwang / sayêktine sira iki / robaya pan kawoworan / panggawe pakênirèki //

kaworan pakênirèku / panggawe walaka nênggih / lire lamun pakênira / kawoworan panggawèki / panggawening wong walaka / dening pakênira maksih //

gêgaman pêpatih iku / ro baya pakênirèki / ika wontên pakênira / punika ingsun tingali / kawaca [ka...]

--- 58 ---

[...waca] kalawan laras / muwah sanjata cumawis //

wontêning tangkulakipun / punika kula tingali / eman têmên pakênira / robaya paningal mami / yèn tan putus kalêpasan / tanpa gawe asêmadi //

Sang Padya malih lingipun / èh robaya wruhananèki / manah rahayu punika / kalamun sampun patitis / tingal kang pinêlêng uga / maring kamuksanirèki //

yèn uga ngèsthia iku / ya kang maring lumêkasing / kang sasartingal punika / ing hata kitaki iki / boyana kang katingalan / pênêt miwah awonèki //

Sang Padya malih amuwus / èh robaya pan sayêkti / tingal mring kamuksan uga / kayun ingawaskên yêkti / lawan sarta tinungkulan / tan kêna sinambi-sambi //

tang kêna kala kalèku / kalamèt kala boyèki / lawan kala amèt sawarga / boya kêni mangkonèki / iku manggih cacat uga / têmahe pakênirèki //

robaya inggih puniku / rêncanèng pôncadriyèki / dêmi wus angradon uga / inggih kapônca driyèki / yèn iku wus angradona / angèl dènira ngulapi //

yèn tan ngambilan puniku / kang pôncadriya sayêkti / awèt wulangun yêktinya / apan ambibingung ati / yêkti ngalap ing paningal / kang maring ing ayu ugi //

apan takalingan iku / dening rogawi sayèki / angucap malih Sang Padya / èhrobaya wruhanèki / panggawe pôncadriyèka / kadyanggan ningali ringgit //

ana kang anangis iku / ana kasakêl [ka...]

--- 59 ---

[...sakêl] ningali / ana kang gumuyu suka / wêruha yèn iku ugi / walulang ingkang kinarya / ngukir pinolahkên jalmi //

ewamangkana puniku / akèh kapencat ningali / iya iku pangrêncana / ing pôncadriya sayêkti / iku awor ing seluman / kang nganggêp mangkono ugi //

mangkana wuwusnya wau / Sang Padya mring sang Partèki / nêhêr sumaur Sang Parta / pukulun Sang Maha Rêsi / tulus raharja kang sabda / Sang Rêsi dènnya sung wangsit //

nanging ta saestunipun / mila manira puniki / maksih andarbèni laras / lawan kawaca puniki / muwah ta: ingkang sanjata / taha sun gamana pati //

pan boya sayêktinipun / kewala kang dosa ugi / apanta: sampun ulahnya / mungguh satriya puniki / ulah yasa lan kawiryan / môngsa ta supea malih //

dhatêng kalêpasanipun / pukulun Sang Maha Rêsi / ring wong apênêt punika / môngsa ta supe ya ugi / mênggah jatining ngagêsang / puniku ingkang kaliling //

ing wuwus ulun puniku / yèn ta: jatining ngaurip / boya yèn dorakna pisan / patitis pati puniki / amungta: maksiha ulah / kawiryan puniki mangkin //

ya ulah kang mangkonèku / minôngka pangati-ati / ning pati kewala uga / kasukan kawibawaning / punika manira karya / pangamêng-amêngan ugi //

mangkana malih lingipun / Sang Padya mring Sang Partèki / èh robaya wruhanira / ring wong kasêngsêm bogèki / awon têmahe punika / kaya wong kasêngsêm ugi //

dahat dening katonipun [kato...]

--- 60 ---

[...nipun] / kaya upamane ugi / ing wong tuwa buru ika / tan ana karyane malih / mung amèting buron ika / dadya macan lamun mati //

de sêpta bêdhagan iku / muwah wong tuwa rawèki / tan ana karyaning liyan / mung ngupaya ulam warih / dalu siyang ngambil ulam / iku benjang lamun mati //

iku dadi buwaya gung / wêcaning pati-patitis / inggih ta sapanggaweyan / robaya awon pinanggih / kalamun si kasêngsêma / panggawe punika sirik //

... sambêtipun makatên:

ya ta Sang Parta sumaur / tan apanjang saurnèki / mangkana ta saurira / lah pukulun Sang Maharsi / tulusing kang pangandika / nanging ta ulun puniki //

botên kêni sèstunipun / anut ing kamuksan mami / karana manira tapa / kawilêting trêsna mami / robaya trêsna manira / inggih dhatêng ibu mami //

lawan wôngsa-wôngsa ulun / darma wôngsa namanèki / kang ulun tapakkên ika / kadigdayaning ngajurit / digdaya wijaya ika / ing ngayuda ywa kalindhih //

... lajêngipun:

Sang Parta malih winuwus / pukulun ing atur mami / karan manira atapa / kang manira têdha ugi / inggih marang ing bathara / kasantikaning ngajurit //

kalayan manira ayun / amayu jagad puniki / angrêksa kang parahita / têgêse prahita nênggih / angecani manah ing lyan / wong: sanagara puniki //

Panglaras, têgêsipun pitêmbangan wau, Rêsi Padya botên sêmang-sêmang, bilih Sang Arjuna matrapakên Yogabrata, inggih [ing...]

--- 61 ---

[...gih] punika lampah panunggal, ngangkah manunggal, anggayuh kamulyan kasampurnaning gêsang, punika sampun lêrês, namung wontên mangu-mangunipun sakêdhik, sêmunipun Sang Arjuna taksih kawoworan pikajêngan limrah, pandamêl walaka, anggayuh kadonyan, tandhanipun taksih gêgaman pati, ngangkah mêjahi, awit nyandhing dadamêl, jêmparing gandhewa, miwah prabot pirantosing pêrang, eman-eman, manawi ngantos botên putusing kalêpasan, tanpa damêl anggènipun sêmadi. Rêsi Padya nêrangakên, bilih sampun patitis sayêktos ingkang kapêlêng mligi dhatêng kamuksan, tamtu manahipun rahayu, namung nyipta lan nindakakên kasaenan. Manawi ta kitaki, matrapakên tapabrata taksih nyarup awon-sae, saenipun kaworan awon, punika nama kasasar, utawi sasar, mangro cipta lan lampah. Sayêktosipun, ngangkah kamuksan, kamulyan, kasampurnan, matrapakên lampah manunggal, punika kêdah mantêp madhêp satunggal, nyawijèkakên sipat satunggal, botên nampik awon, lan botên milih sae, awit sampun botên wontên awon sae, sampun sawiji sawujud, langkung malih nyarup awon sae, saya botên babar pisan, kêdah mligi sawiji, tata, titi, têtêp, atul awas eling, botên kenging kasambi, namung kala-kala anggènipun matrapakên, kêdah mêlêng mandhêng sampun ngantos malèncèng anggayuh sanès, sanadyan ngangkah suwarga, inggih [ing...]

--- 62 ---

[...gih] sampun ngantos, awit punika nama kenging rêncananing Pôncadriya, badhe manggih sakit, sangsara. Bilih rêncananing Pôncadriya punika ngrêdon, ngrêda, ngambra-ambra, angèl anggènipun ngicali. Manawi Pôncadriya punika botên katiti, katata, namung kaumbar kemawon, tamtu babaranipun dados rubeda, awèt wulangun, linglung, lêng-lêng ing kahanan, kadonyan, ambibingung manah, ngalap paningal, nyilêp tuju rahayu, kalimput ing raga wisaya, wisayaning raga, kados upaminipun ningali ringgit wacucal, wontên ingkang angguyu, miwah nangis, môngka mangrêtos, ringgit punika ingkang kadamêl lulang tinatah, kasolahakên dhalang. Makatên ugi kawontênaning lêlampahan, donya, wontên nglampahakên, sontan-santun kawontênanipun, gèk wontên, gèk ical, ewadene mêksa kathah ingkang kèlut kalimput, punika pangrêncananing Pôncadriya, tamtu kasasar Yogabratanipun.

Sang Arjuna anjawab, kasinggihan sabdanipun sang Rêsi Padya. Nanging sayêktosipun, anggènipun Sang Arjuna sikêp dadamêl, gandhewa miwah jêmparing, prabot pirantosing pêrang, punika botên namung kangge mêjahi kemawon, ingkang sakalangkung wigatos, punika kangge rumêksa, nadyan sagêd amêjahi, namung tumrap ingkang dosa, punika watak wantu, ulah miwah pandamêl, wajib, darmanipun satriya, ulah

--- 63 ---

yasa tiyasa, prawira, sudira, lan kawiryan, nanging kêdah botên supe dhatêng kalêpasan, kasampurnan kamulyaning gêsang, kajatèning gêsang, punika ingkang kapêlêng. Tumraping satriya ... bab patitising pati, kalêpasan, punika dados dhadhasaran, ngidhêp, madhêp, mantêp, têtêp, nanging prayoginipun taksih ulah kawiryan, sampun ngantos tilar kaprawiran, kasudiran, tiyasa, lan yasa, wigatosipun, kangge pangulah, panglèlèr, pangatos-atos, kasambadaning pati-patitis. Kasukan miwah kawibawan, punika namung kangge amêng-amêngan, dolanan, kangge nglantihnglatih. matrapakên patitising lampah nêtêpi wajibing satriya.

Rêsi Padya nyual malih, bilih katranganipun Sang Arjuna makatên punika, têtêp adamêl sêmang-sêmang, èwêt anggènipun nêtêpakên yogabratanipun, dene taksih anjurungi kajêngipun Pôncadriya, dados nama kasêngsêm, kèrêm, punika awon, upaminipun: karêm têtêdhan, bingah-bingah, kèrêm ing pandamêl punapa kemawon, kados ta: tuwa buru, bêbêdhag, punika manawi pêjah dados sima. Makatên ugi tuwa rawa, juru misaya buron toya, punika manawi pêjah dados baya agêng, awit miturut wêca, wiridan bab patitising pati, punika wosipun wontên ing pandamêl, pakarti, sêngsêm, lan kèrêmipun, punika ingkang anjalari botên kadadosan, utawi kalêksananing gêgayuhan.

--- 64 ---

Sakala Sang Parta lajêng engêt dhawuhing eyang Sang Bagawan Dipayana, maharsi Wiyasa: badhe kadhatêngan pandhita marah kamuksan, ngenggokakên lampah darma wajibing satriya, mila Sang Parta lajêng anjawab, anggênipun tapabrata punika nêtêpi kasatriyan, ngèsthi, nunuwun ing Dewa kasantikaning ngayuda, ngangkah mamayu hayuning jagad, mamangun menaki tyasing sasama: rumêksa bawana nêtêpi wajibing satriya. Bilih dèrèng pinarêng ing Dewa, botên sêdya mantuk.

Katranganipun Sang Parta makatên punika, andadosakên pirênanipun Rêsi Padya, lajêng babar Bathara Endra ngandikakakên, para Widadari ingkang sami ngrêncana, punika utusanipun, supados ngawonakên kasantosanipun Sang Parta nanangi Pôncadriya, nanging cabar sadaya, lajêng dhawuh têtêpa santosa anggènipun sêmadi, ngêntosana rawuhipun Sang Hyang Rudra.

Bantahipun Rêsi Padya kalihan Rêsi Cipta Hêning wau mèsi wawarah bab kasampurnan, sarta lampah kasatriyan, têgêsipun, sarana pandamêl, punika wosipun: sampun ngantos karêm, kèrêm, sagêda namung ambabarakên kawontênan, kasagêdanipun piyambak-piyambak, awit karêm, kèrêming pandamêl, punika ingkang jalari cabaring gêgayuhan, katêmahan dados kados ingkang dipun karêmi. Lajêng kèrêm, wawaton anggêr-anggêr dumadi.

Larasan makatên punika, cocok kalihan kawontênanipun [kawontêna...]

--- 65 ---

[...nipun] dhoktêr Rajiman kala samantên. Wusana sumôngga.

Dhoktêr Kanjêng Radèn Tumênggung Wedyadiningrat

[Grafik]

Mangagêm cara Walandi

[Grafik]

Prajuritan tumindak pasisiran maos dhawuh

XVI Dumugi Pènsiun

Panjênênganipun dhoktêr Rajiman, KRT. Wedyadiningrat anggènipun wongsal-wangsul dhatêng Eropah punika kathah angsal-angsalipun, Arts angsal pasinaon kawruh mligi bab padhoktêran warni-warni kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, sarta sagêd nyakêp-nyakup wos-wosipun larasaning

--- 66 ---

kawruh dalah pangudinipun, kanyataan sagêd nyakup kawruh mligi warni-warni. Dhatêng Eropah ingkang kantun piyambak, punika saya mantêp pamanggihipun, bilih kawruh kalairan ingkang gumêlar ing Eropah punika namung dumugi lêpasing pamikir, ambabar dados arda ngambra-ambra, tangèh sagêd dipun maluyakakên donya, mila lajêng nglokro kêndho dhatêng pangudining kalairan, pangulahing pamikir, saya mantêp pitadosipun ing batos, kalihan malampah ngangkah ngudi kabatosan, sapikantukipun, pancènipun gadhah pamanggih prêmati bab tumularing sasakit, wawaton kabatosan sarta kalairan, nanging dèrèng samêkta sadaya, pamanggih wau beda kalihan wawaton ingkang sampun kaandharakên para sagêd, wosipun sabab-sabab panularing sasakit ingkang saking ing Jawi, punika namung ngrosakakên kemawon, jêjêring sabab, punika saking nglêbêt, batos, raos, dumugi gêsangipun sajati, nanging rumaos sampun botên kaconggah, amargi sampun sêpuh, sarta gadhah sasakit rematik, balung sungsum, bilih pinuju kimat, manawi kangge mlampah rêkaos, kangge nglampahi pandamêlan wajib kemawon sampun awrat, malah sampun anggalih nyuwun lèrèh pènsiyun, kalihan ngêntosi wanci, madik papan palêrêman ing Trètès, mundhut pasitèn kangge tatanèn, panggalihipun pancèn kalêbêt dhatêng tatanèn, miturut dhadhasaran kawontênaning lair batos.

--- 67 ---

Raos dumugi gêsangipun bôngsa Indhonesiah, prêlu sangêt katatangi raos-pangraosipun tatanèn, ngolah siti, botên namung kangge panggêsanganing lair, sandhang têdha sagêda mêntas madêg piyambak, ugi tumraping batosipun, raos-pangraos, dumugi gêsangipun. Pamanggih makatên wau ugi asring kawêdharakên wontên pakêmpalan agêng Budi Utama, sarta wontên Bale Agêng Surakarta. Anggondhèli wawênang siti kadarbe ing brayat, (komunal) botên kabage tumrap para sadhèrèk piyambak-piyambak, (Indhipidhuwil).

Kajawi ingkang sampun kasêbut wau, angsal-angsal saking Eropah ingkang sakalangkung karaos kawigatosakên saèstu punika bab antêpipun dhatêng kabatosan, awit kawruh kalairan, nadyan sampun bablasipun samantên, sagêd migunakakên daya kikiyataning kodrat, sagêd ngawontênakên pirantos kangge ngambah awang-awang, silêm ing toya, gandhèng swara warni-warni, mêksa dèrèng sagêd dados sarana ambabarakên kamanungsan Jawi mamayu rahayu, tata têntrêming bawana, malah katingal ura, aru-ara, saking buyaring Pôncadriya, dados arda ngambra-ambra. Awit saking punika saya mantêp pamarsudinipun dhatêng kabatosan, kalamôngsa ngwontênakên papanggihan kalihan para sadhèrèk sawatawis, tarkadhang piyambakan, ngrêmbag sêrat-sêrat Jawi, Dewaruci, Wiwaha, [Wiwa...]

--- 68 ---

[...ha,] Witaradya, santun panglarasipun, saya langkung nyêthakakên bab kabatosan, mênggah pangrêmbagipun sêrat-sêrat wau makatên.

Sêrat Dewaruci, sabên-sabên kangge sraseyan wontên ing Wedyadiningratan, salèr wetaning pojok lèr wetan dalêm Kapatihan, kalihan para sadhèrèk mitra darma, miturut Sêrat Cêbolèk, anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura tus Pajang, pujôngga agêng ing nagari Surakarta Adiningrat, kacariyos kala jaman Kartasura para Prayagung, sarta para marsudi, sampun wontên ingkang migatosakên raos-suraosipun Sêrat Bimasuci, utawi Dewa Ruci, sarta Sêrat Arjuna Wiwaha. Wontên ing pasraseyan Wedyadiningratan nate kasuraos, Sang Bimasena, Wrêkodhara punika kados pasêmon dêrênging pikajêngan, karêp, karsa. Kadumugèning pikajêngan, gêgayuhan, punika inggih manawi lampahipun kados Sang Bima anggènipun madosi tirta pawitra kapanggih Sang Dewa Ruci wau, botên lêmpêr kapêpêr, botên kêndhak-kaêndhak sintên kemawon, mêlêng ngèsthi sawiji ingkang kasêdya kagayuh. Sampun tanpa wang-wang dhatêng pringgabayaning margi, botên lirip kaloropakên kapanggih rêksa saruk muka, Rukmakala, malah dipun pêjahi, badhar dados Dewa Sang Hyang Endra, lan Sang Hyang Bayu: paring wawarah, lajêng anggêbyar sagantên kagubêt naga, kasirnakakên, ngantos kapanggih Sang Dewa Ruci, kawêjang jatining kasunyatan, [kasu...]

--- 69 ---

[...nyatan,] tan gatra, tan sat mata, tan kêna kinaya ngapa, ingkang taksih kenging kanalar ngantos mêmêt, karaosakên ngantos kandhas ing raos pangraos pisan, inggih mêksa dede jatining kasunyatan namung nama nyataning pamikir, lan pangraos kemawon, ungêl-ungêlanipun makatên:

Dhandhanggula

anauri aris Dewa Ruci / iku dudu ingkang sira sêdya / kang mumpuni ambêg kabèh / tan kêna sira dulu / tanpa rupa datan pawarni / tan gatra tan sat mata / iya tanpa dunung / mung dumunung mring kang awas / sasmitane anèng jagad amêpêki / dinumuk datan kêna //

datan kêna iku yèn sira prih / lan kahanan kang samata-mata / gampang angèl pirantine ...

nora kêna lamun dèn rasani / lan sasama-samaning manungsa / yèn ora lan nugrahane / ... aywa ngadèkkên sarira / lan ywa krakêt marang wisayaning urip / balik sikêpên uga //

kawisayan ingkang makripati / dèn kaasta pamandhênging cipka /cipta. rupa ingkang sabênêre / sinêngkêr bawanèku / urip datan ana nguripi / datan rasa rumôngsa / ing kahananipun / uwis ana ing sarira / tuhu tunggal sasana lawan sirèki / tan kêna pinisaha // ...

ananging sumurup pasirèki / kabèh-kabèh iku mung bêkakas / ora langgêng salawase / awit urip puniku / kawêngku ring ingkang nguripi / ingkang nguripi uga / ya isih kawêngku / dening ingkang karya gêsang / kang karya gêsang tan kêna dèn [dè...]

--- 70 ---

[...n] tingali, lawane Trakapala //

atanapi paningaling budi / muhung kêna lamun tiningalan / lan paningaling uripe / kang wus lagnyana suwung / têgêse wus tanpa piranti / dadi lamun mangkana / kêna linakon mung / sapisan nanging kalawan / awani anjumênêngakên sawiji / marma angelingana //

... luwih gêngnya kalêpasan iki / lawan jagad agêng kalêpasan / kamuksan luwih lêmbute / salêmbutaning banyu / isih lêmbut kamuksan iki / langkung alit kamuksan / saaliting têngu / pan isih alit kamuksan / liring luwih amasesa ing sakalir / liring lêmbut alitnya //

bisa nukma ing agal lan alit / kalimputan sagung kang rumangkang / gumrêmêt uga tan pae / kaluwihan satuhu / luwih dening ingkang nampani / tan kêna ngandêlêna / ing warah lan wuruk / dèn sangêt pangudinira / raganira wasuhên pragnyana ngungkih / wruha rungsit têtingkah //

... lamun uwis wicaksana / tingalira sirnakna hananirèki / dadi tingaling suksma //

rupa lawan swaranira nuli / ulihêna mring kang duwe swara / jêr sira mungakên bae / sêsulih kang satuhu / nanging aywa darbe sirèki / pakarêman lyanira / saka ing Hyang Agung / dadi sarira pangeran / obah osikira wus dadi sawiji / ywa loro anggêpira //

lamun dadi anggêpira pasthi / yèn ngrasa roro misih was-uwas / kêna ing rêngu yêktine / yèn wus siji sawujud / sakarêntêg ing tyas sayêkti / apa sinêdya ana / kang cinipta rawuh / wus kawêngku anèng sira / ing sajagat [sa...]

--- 71 ---

[...jagat] jêr sira ingkang kinardi / gêgênti dèn asagah //

Wontên ingkang nyuraos dados pasêmoning patrap mêsu sêmadi, makatên punika namung kasumanggakakên. Panglaras Wedyadiningratan, Sêrat Arjuna Wiwaha, kalihan Sêrat Dewa Ruci, punika gandhèng, makatên ugi sang Arjuna kalihan Sang Bima Sena, punika ugi dados wanda sawujut, Sang Wrêkodara punika wujudipun dêrênging pikajêngan, têtêp santosa,Sang Arjuna punika jêjêring Cipta Hêning, ênêng-êning, mila anggènipun anglaras Sêrat Arjuna Wiwaha punika wongsal-wangsul, dangu-dangu saya lêbêt. Panglaras Sêrat Arjuna Wiwaha ingkang kantun piyambak, punika kasorèhakên wontên ing Sanabudaya, ing wulan Marêt, taun Surya 1937 sasampunipun pènsiun, lajêng dadalêm wontên ing Trètès, ingkang katêrangakên panêmbahipun Sang Arjuna dhatêng Sang Hyang Siwah makatên:

Dhandhanggula

Sang Arjuna angastuti malih / bya pi byapaka têgêse ika / byapi wisesa têgêse / byapaka têgêsipun / kang misesa punika nênggih / ingkang pada bathara / karan mangkonèku / dening ta pada bathara / sarining cipta amisesa sayêkti / inggih pada bathara //

datan aganal kalamun pinrih / pada bathara tan moring agal / miwah ing ala ayune / karana mangkonèku / dening pada bathara ugi / langgêng ingkang akarya / jagade puniku / apan patine uripnya / lan langgênge orane [o...]

--- 72 ---

[...rane] manungsa iki / apan anèng ing karsa //

karsane pada bathara nênggih / apan manungsa puniki uga / sangkane miwah ulihe / mangke ing têmbenipun / saking pada bathara ugi / pinangkane duk ora / manungsa puniku / ngastuti malih Sang Parta / dhuh pukulun pama manungsa puniki / yèn arsa ngawasêna //

ing pada bathara ingkang yêkti / upama kadi angganing wulan / mimba Padyaning wiyate / wontên gatha têtêlu / wadhah tiga punika ugi / satunggal isi toya / awêning kêlangkung / wadhah kang satunggalira / isi toya alêtuh toyanirèki / wadhah kaping tiganya //

kang tanpa isi toya satunggil / sami kadulu dhatêng kang wulan / yêkti wayangan wulane / yèn tumiba puniku / ing wawadhah ingkang aisi / toya wêning punika / nyata yèn dinulu / têtela rupaning wulan / kang tumiba ing wawadhah ingkang isi / toya lêtuh punika //

wêwayanganing wulan kaèksi / ingkang tumiba anèng wawadhah / ingkang alêtuh toyane / sami katingalipun / wawayangan wulan anênggih / nanging datan têtela / sabab toya lêtuh / wondene ingkang tumiba / ing wawadhah ingkang tanpa isi warih / tan wontên katingalan //

saking botên wontênipun nênggih / wawayanganing wulan punika / dening wawadhah suwunge / tanpa isi toyèku / môngka ing dumadi puniki / ingkang minangka nyata / ananing suksmèku / ingkang tumiba wawadhah / toya wêning têgêse ingkang sujanmi / rahajêng manah ira //

kang têtêp puji bêktinirèki [bê...]

--- 73 ---

[...ktinirèki] / ing bathara dene kang tumiba / wawadhah lêtuh toyane / manungsa kang puniku / ingkang rago manahirèki / kang arêp ora-ora / mring pênêt puniku / wondene ingkang tumiba / ing wawadhah ingkang tanpa isi warih / manungsa kang mangkana //

ingkang mungkur batharanirèki / kang ngarêpakên marêgi pangan / kang aja kurang turune / ywa towong sahwatipun / nyandhang nganggo ywa kurang malih / wong kang mangkono uga / sasat sato tuhu / satomani namanira / têgêsing satomani puniku ugi / sato wênang pinangan //

karantêne manungsa puniki / botên kadi sami angulaha / maring ing yoga bratane / yata malih amuwus / Sang Arjuna malih ngastuti / pun Parta dhatêng pada / bathara satuhu / katêmu dening manungsa / yèn pada bathara kang nêmokkên ugi / punika sayêktinya //

kang mênang lawan kaidhêpnèki / pada bathara dening manungsa / yèn bathara sayêktine / kang mênangakên tuhu / lan kaidhêp têgêse nênggih / pukulun pan tan ana / pangawasanipun / ingkang kawula punika / tarlèn saking jêng pada bathara ugi / pinangkane punika // ...

Jarwanipun: wisesa, punika wontên ingkang misesa, kawasa wontên ingkang ngawasani, inggih punika Hyang Wisesa, inggih Hyang pada bathara, botên nunggil ing agal, wadhag, utawi botên sipat, awon sae, namung langgêng kawontênanipun, inggih punika ingkang andumadosakên jagad saisinipun [sai...]

--- 74 ---

[...sinipun] punika, pêjah gêsanging manungsa, langgêng lan botênipun punika dumunung karsaning bathara. Sangkan paraning manungsa, saking botên wontên ngantos wontên, lajêng botên wontên malih, punika saking karsaning dewa.

Manungsa ingkang ngawasakên kajatèning dewa, punapa dene drajat, utawi kawontênaning manungsa, punika kaupamèkakên bathok bolu tiga, isi toya wêning, isi toya buthêg, sarta kothong. Kajatèning bathara punika kaupamèkakên surya, bathok tiga wau manungsa, ingkang isi toya bêning, sagêd katingal cêtha gêgambaraning surya, ingkang isi toya buthêg, gêgambaraning surya inggih burêng, makatên malih ingkang kothong, gêgambaraning surya botên katingal babar pisan, inggih makatên punika pipindhanipun kawontênaning manungsa, mila manungsa punika parlu sangêt ngolah yoga brata.

Lampah manunggaling kawula Gusti / miturut marginipun piyambak-piyambak //

Kajawi punika nglaras lampahipun Sang Arjuna wontên ing hima himantaka, kanthi Rêtna Supraba, punika kenging kalaras patraping sêmadi, ngambah alam kaalusan, Ima-ima, têgês pêpêtêng. Taka, pêjah. Mila kanthi Supraba, têgêsipun: papadhang linangkung, mêjahi Niwata Kawaca, punika ngracut kawadhagan, utawi ngruntutakên kawadhagan, ngantos angsal kanugrahaning dewa, makatên wau ugi namung kasumanggakakên.

--- 75 ---

Sêrat Ajipamasa ugi asring kapangandikakakên, kajawi ingkang sampun kapêthik, wontên malih makatên:

Pocung

wruhanamu / ing samêngko kaki Prabu / sira wus kalilan / among misesa ing bumi / sawawêngkon wêngkunên kawikana //

iya iku / lire sira aja tungkul / dèn amrih utama / tumêrah ing wadya sami / amimbaa wimbaning kang karaharjan //

dèn lumintu / karya warsanèng rahayu / yuwananing sêdya / supadya padha basuki / isining rat yêkti darbèking narendra //

paran lamun / kongsia niring pamêngku / kuciwa ing jagad / cinacading jawata di / babasane kainan yêkti katunan //

sang aprabu / miyarsa nêmbah andhêku / alon aturira / dhuh pukulun ingkang mugi / asagêd mimba ing rèh sang bathara //

ngandika rum / Sang Hyang Naradha pitutur / èh ta yoganingwang / dene ingkang cundhamani / yèn pinêsu ing budi dadi warastra //

luwih agung / iku pangabaranipun / saking ciptanira / sarana muja sêmadi / aja ingkang sudibyaning agnisara //

nadyan kawruh / lamun pinarsudèng kalbu / yêkti nora kewran / wêruh ingkang awigati / tan rêkasa dadi ing sakarsanira //

milanipun / lêstariya Sang Ngaprabu / kadarmanirèng tyas / kang ngamarta maratani / ing bawana Sang Nata matur sandika //

Miturut wawarahipun Maharsi Naradha wau, Prabu Ajipamasa sampun kalilan ambawani bawana jumênêng ratu binathara, mardi utama, andadosakên karaharjan, karahayoning bawana, [ba...]

--- 76 ---

[...wana,] ambabar marta martani. Panunggilanipun malih makatên:

suradira Jayaningrat / kang wirota mirut dening tyas êning / sarta awas lawan emut / sanityasèng pamudya / yèn anêmên kautaman kang tinêmu / nampani parmaning dewa / luwange ing nguni-uni //

Ingkang manitra kêrêp dipun ngandikani warni-warni, inggih radi sagêd cêtha isinipun sêrat-sêrat Jawi ingkang wigatos, suwau namung radi kraos ikêtaning ukara sae, ingkang isi yatmaka, sasaminipun, sarêng radi ngrêtos isinipun ingkang wigatos, saya sêngsêm ngraosakên sêrat Jawi, upaminipun Sêrat Rama. Sêrat Menak, punika isinipun ingkang wigatos, dede dodongènganipun ingkang sawarni nglêmpara, sayêktosipun sasanggitaning lêlampahan, sarta anggènipun matrapakên wawaton nistha, madya, utama, tuwin wawarahipun ingkang isi raos lêbêt, saking kaprananing manah, tuwin gênging panuwunipun, panganggêpipun ngantos kados angguru.

Mangsuli, KRT. Dhoktêr Wedyadiningrat, lajêng angupadosi pangancasipun kadhoktêran, ingkang dipun siri wontên ing Paris, ngantos nyambut damêl wontên griya sakit tiga, lajêng nyumêrêpi bedanipun, Duitsche kalihan Fransche scholing ing padhoktêran. Ing ngriku sawijining wêkdal angalami lêlampahan ingkang prasasat ambangun pamawasipun [pamawa...]

--- 77 ---

[...sipun] gêsangipun lair batos. Ing wanci dalu dipun ajak kalihan pitêpanganipun, ningali komidhi, dhoktêr Rajiman awrat, amargi kathah padamêlan, ewasamantên mituruti, nanging manawi sampun bibar, nêdha mantuk, wusana sabibaripun komidhi lajêng dipun ajak ningali têtingalan sanès, piyambakipun mopo, botên purun, amargi kala wau sumadosanipun lajêng badhe mantuk, wangsulanipun mitranipun wau, "Je bent toch geen machine, die door een ander in regelmaat wordt gehouden, maar een mensch met een vrij willen en handelen, en niet altijd planmatig in zijn werken is:, Jawinipun, Panjênêngan punika dede mêsin, ingkang kêdah miturut kalampahakên kawontênan ing Jawi, sayêktosipun Panjênêngan punika manungsa, mardika mardi budi, pamikir miwah tumindakipun piyambak, pitêmbungan makatên wau mranani raos pangraos sangêt.

Ewahing pamanggih sarta raos kapranan dening Voordroch-ipun, Krisnamurti, manawi punika dipun wastani dèrèng cêtha gatranipun (wujud) ingkang babarakên cêthaning gatra raos-pangraos (bewust wording) inggih punika pitêmbungan ing nginggil punika wau. Ing pangraosipun dhoktêr Rajiman têtela, manawi lêlampahanipun satunggal-satunggalipun manungsa (individu) punika namung kêdah madêg pribadi (induvidueele anafhankelijkheid), dados têgêsipun sampun ngantos [nganto...]

--- 78 ---

[...s] kadaya ing liyan. Ing ngriku kacihna gandhèngipun panandhang rêkaosing jiwa kalihan raos-pangraosing aku, (ik bewustzijn), dados babaranipun kasidan jati punika botên sanès namung sumêrêpipun, ik proces- sarta panandhanging rêkaosipun jiwa punika baleronipun pamikir sarta raos-pangraosipun jiwa ingkang dipun tampèni kados dene pêpeling, manawi nindakakên lêlampahan ingkang pêtêng, tan wêruh, ingkang namung manjing wontêning aku, dados ugi kenging tinampèn kados dene kanugrahan, amargi manawi pangraos rêkaosing jiwa punika namung gandhèng kalihan pun, ik.proces. babaranipun ing kasidan jati sarêng sirnaning aku, pramila dhoktêr Rajiman nêdha mêdal saking pakêmpalan Theosofie sarta pakêmpalan Vrijmetselarij amargi kasunyatan punika botên sagêd kaèsthi sasarêngan, namung lampahing aku ing jiwa piyambak-piyambak ingkang sagêd anyirnakakên pun aku. Sambêt kalihan santunipun pamanggihipun dhoktêr Rajiman ing nginggil rumaosipun dhoktêr Rajiman, rikala piyambakipun saking Paris, dhatêng Amerika nyumêrêpi kalangkunganipun, industrie lan techniek (kados ta: Fabriek Ford sarta Fabriek Vieeschcan cerven) sarta sanès-sanèsipun, têdhasing kahanan ingkang makatên punika wau beda kalihan pamawasipun kadonyan sadèrèngipun ngalami lêlampahan ing Paris punika wau. Wontên ing

--- 79 ---

Eropah nagari Walandi mirêngakên openbare voordrachtipun Krisnamurti ing Omen bab Experinnie and conduct, Ervaring en gedrag, punika mranani sangêt dhatêng dhoktêr Rajiman, kala samantên nyumêrêpi papanggihanipun, Nyonyah Annie Bessant swargi biskop, Leadbiater kalih-kalihipun pinisêpuhipun pakêmpalan Theosofie, kalihan, Krisnamurti, antukipun dhatêng pondhokan priyantun tiga sasarêngan nunggil montor.

K.R.T. Dhoktêr Wedyadiningrat sasampunipun saking Eropah ingkang kantun piyambak punika, saya katingal anggènipun migatosakên kabatosan, anjêjêrakên jumênênging gêsang, niti dhadhasaraning babandan, watêsan, pêksan, tuwin pamudharan, punapa dene babaranipun. Gêrahipun rematik kêrêp kimat, rumaos botên sagêd nêtêpi samêsthining kawajiban, ngiras anglonggari papan padamêlan dhoktêr, sanadyan kathah para pangagêng ingkang anggondhèli, mêksa nyuwun pènsiun, wiwit wulan Pebruari 1936 kaparêngakên pènsiun, lajêng pindhah dadalêm ing Trètès, kathah ingkang badhe mahargya, awit saking rumaos kawratan sih sutrêsna, bidhalipun kapêksa nilapakên, nanging manawi wontên parlu taksih kêrêp katimbalan dhatêng Karaton, sarta nagari, ngantos dipun têdhaki saandhap sampeyan dalêm ingkang minulya saha wicaksana. Sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran [Pangera...]

--- 80 ---

[...n] Adipati Arya Mangkunagara kaping: VII sami sakalihan Kangjêng Ratu. Sarta para luhur sanèsipun, sêmunipun taksih kathah ingkang ambêtahakên, botên namung bab kadhoktêran, malah lajêng kadhawuhan niti politik kontrak prajanjiyan dalêm nata kalihan Guprêmèn, kanthi, RM. MR. Raspiya, Wuryaningrat. Makatên lêlabêtanipun: K.R.T. Dhoktêr Wedyadiningrat.

[Grafik]

Gambar pahargyan pasamuwan Biwadha Mulya ing panti raga ambikak rêcanipun dhoktêr: K.R.T. Wedyadiningrat.

--- 81 ---

XVII Biwadha Mulya

Kathah para luhur, para tuwan-tuwan bôngsa warni-warni,para mitra, pitêpangan, sarta sanès-sanèsipun sami cuwa sangêt, botên sagêd nyumêrêpi bidhalipun: K.R.T. Dhoktêr Wedyadiningrat pindhah dalêm dhatêng Trètès, amargi sidhêman kemawon, malah sawarni nilapakên, prêlunipun sagêda sami ambirat kararantaning raos ingkang ngikêt raos pangraos lêbêt, ewadene mêksa taksih kathah ingkang karaos-raos, ketang agênging sih sutrêsna, badhe kawêdharakên wontên papanggihan piyambakan kemawon têka botên sagêd, warni-warni panguda raosipun, nanging botên wontên ingkang klintu tampi nganggêp kirang prayogi, saking sampun sami ngrêtos panggalihan Wedyadiningratan, punapa-punapa punika kathah lèrègipun kalihan larasing kabatosan, mila anggènipun sawarni nilapakên, sêsidhêman tanpa pariwara wau kathah ingkang nampèni: sih-siniyan ingkang dhadhasar sih sutrêsna saèstu, punika ingkang langkung wigatos, sagêda tumanêm ing batos sayêktos, lairipun, babaranipun, kawêdharipun, punika badhe sagêd katingal piyambak cêtha wela-wela kados pundi kawontênanipun, nanging sarèhning raos-pangraosipun para sadhèrèk kathah punika warni-warni, wontên ingkang lêrêm ing pangarêm-arêm, utawi botên, saking rosanipun raos sih-sutrêsna ingkang nglêlimputi

--- 82 ---

para sadhèrèk kathah, mêksa kababar, kawêdhar pados kalêgan, Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Mr. Wôngsanagara lajêng rêmbagan kalihan kula ngwontênakên dhapukan panitya (komite), dados nama: "Biwadha Mulya", mengêti lêlabêtanipun: K.R.T. Dhoktêr Wedyadiningrat ingkang pantês kamulyakakên, atêgês: nglêluri kasaenan, kautaman, ngluhurakên kamulyanipun. Pangarsa, K.R.M.T. Mr. Wôngsanagara. Panitra Artaka R.M. Ng. Dutadilaga. Parawarga, utawi para warga pambantu karya. R.T. Dr. Nitipura, mudha pangarsa. R.M. Ng. Purwasastra, pambantu panitra, R.M. Ng. Sastra Waluya, R. Ng. Niti Husada. R. Ng. T. Marta Darsana (Suprami) pambantu Artaka. Tuwan GAN Beurs Gewestl sekrêtaris. Tuwan E. Moodij, Tuwan Njo Joe Tik, R. Katib Winong. M. Suteja. R. Ng. Yasawidagda. Tuwan Achmad Awab-Songkar, Tuwan Gan Kok Soen, R. Wôngsadinama. Golonging rêmbag, sarta lajêng katindakakên, pèngêtan lêlabêtan Wedyadiningratan wau, kawujudakên, Ie. Rêca marmêr pêthak wêdalaning Eropah, damêlanipun Nyonyah Branbis, pansip, A. Brandts Bijs van Zijp. Tukang rêca misuwur, mitra darma Wedyadiningratan, sakalangkung awig pakirtyanipun, miturut gagrag enggal, nglintoni wragading pandamêl namung f 300,- kapasang katanêm ing kagungan dalêm pantiraga ing ngèmpèr ngajêngan, antawisipun kontên [kontê...]

--- 83 ---

[...n] têngah kalihan wetan, mawi pahargyan sawatawis, jêjênêng dalêm ingkang ambikak tutuping rêca, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Mantaram. Papatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara ugi rawuh, para luhur sawatawis, para tuwan-tuwan Walandi, Siyansing, para mitra darma, antawisipun satusan, mawi sosorah, pangarsa, K. RM. T. Mr. Wôngsanagara ngandharakên wontênipun dhapukan panitya Biwadha Mulya, punika parlu kangge nelakakên pamangsuling sutrêsnanipun para mitra darma sagêdipun têtêp sih-sanihan,sih-sinihan. anggènipun mulyakakên lêlabêtan utami wau ngrosakakên kêparêng dalêm sahandhap sampeyan dalêm ingkang minulya saha wicaksana, sarta kaparêngipun nagari ugi maringi pratôndha lêlabêtan bintang Srikabadya, sapiturutipun, lajêng kasambêtan pratelanipun dhoktêr Radèn Muhamad Salèh Mangundiarja ingkang kacalonakên anggêntosi Wedyadiningratan, ngandharakên, bakunipun namung nglajêngakên rancangan Wedyadiningratan, namung bab cak-cakanipun beda, miturut cak-cakanipun piyambak-piyambak, wosipun; kawajiban kadhoktêran, pangrêksaning kasarasan, punika sagêd dados pangrêksa pangayomaning kawula ing praja Karaton dalêm saèstu, anjunjung ing kaluhuran. Salajêngipun mawi pasamuwan sawatawis, wontên ing abipraya, katangguhakên taksih salêbêting wanci kalal bi kalal, ingkang dhatêng wara warga antawis kalih bêlahan [bê...]

--- 84 ---

[...lahan] tatananing lalênggahan sasakecanipun, mawi sêgahan cèklèn, nanging pènèn-pènèn, lêlangênipun bêksan, panji Bogis, B. RM. Sunarsa, putranipun pangarsa. Rara Sutarmi M. Atm Dutadilaga, anggolèk.

[Grafik]

Rara Sutarmi. M. Atm. Dutadilaga, umur nêm taun.

--- 85 ---

Sadaya wau namung kangge nelakakên sih-sinihan. IIe ngwontênakên pèngêtan lêlampahan Wedyadiningratan ingkang mèsi lêlabêtan, ingkang kabêbahan ngarang panitra artaka, salajêngipun kacithak, kaaturakên para warga Biwadha Mulya, ririgênipun kapasrahakên Yasawidagdan, sarta pangarang.

Panindakipun angwontênakên pèngêtan lêlabêtan Wedyadiningratan warni tiga wau ngengêti sangêt, prêlu rêksa rumêksa ing sadayanipun, sagêda nelakakên babaring sih sutrêsna sayêktos, mila namung damêl wara-wara kemawon, botên mawi pratelan nyuwun urunan, ewadene ingkang ambiyantu wontên antawisipun satus sawidak. Urunanipun arta nyêkapi kangge waragad pèngêtan lêlabêdan, Ie. Rêca IIe. Kangge pahargyan lan pasamuwan, dene pèngêtan lêlampahan ingkang mèsi lêlabêtan, katindakakên mawi ririgên. Pahargyan sarta pasamuwan, angsal urunan kadarman dalêm niyaga, tlèdhèk pasindhèn, wiraswara, sarta musik. Mangkunagaran maringi arta f 50 para luhur sanèsipun ugi kathah ingkang paring urunan sakaparêngipun, ngantos sagêd kasêmbadan pikajênganipun dhapukan panitya Biwadha Mulya. Saking barkah pangèstu tuwin pambiyantunipun para nglêluri têpa palupi utami ambabar karahayon.

Dene pratelan ringkêsan lêbêt wêdaling arta kados ing ngandhap punika:

--- 86 ---

Pambiyantu urunan arta saking para luhur, priyantun, tuwin para mitra miturut pêthuk panampi sèri A,B,C,D sarta E. wontên 163 satus sawidak tiga sadhèrèk, sung-sunging arta sadaya wontên f 552,25 gangsal atus sèkêt kalih rupiyah, salangkung sèn ... f 552,25

__________

f 552,25

tumônja: wragad damêl rêca f 300 tigang atus rupiyah ... f 300,-

Wragad panindaking panitya, pados sêsêrêpan pandamêling babad dhatêng para ingkang sagêd paring sasêrêpan ing pundi-pundi panggenan, sarta wragad pangrêmbag pandamêling rêca nuwèni wongsal-wangsul dumugi dados f 82, 30 wolung dasa kalih rupiyah, tigang dasa sèn ... f 82,30

wragad pahargyan pambikaking rêca ing pantiraga, sarta pasamuwan ing abipraya 155,40 satus sèkêt gangsal rupiyah, kawan dasa sèn ... f 155,40

wragad damêl kalise Wedyadiningratan tumrap ing babad, f 14,5 kawan wêlas rupiyah sèkêt gangsal sèn ... f 14,55

__________

f 552,25

Wragad ngêcapakên Babad, sarta tirahaning Sêrat Babad ingkang

--- 87 ---

tumrap para warga ingkang sami paring pambiyantu. Kapasrahakên Radèn Mas Ngabèi Dutadilaga. Rahayu sagung dumadi.

[Grafik]

Gambar K.R.T. Dhoktêr Wedyadiningrat mantu wontên ing Trètès dhaubipun: R.L. Siswati angsal: R. M. Mr. Widada Sastradiningrat.

--- 88 ---

Pratelan isining Sêrat Punika

Purwaka

I. Wiyosan, sarta lêluhuripun ... kaca 1

II. Timuranipun ... kaca 3

III. Sakolahipun dhoktêr ... kaca 8

IV. Ngraosakên lêbêt bab gêsang ... kaca 14

V. Pindhah-pindhah panggenan, taksih ngraosakên lêbêt bab gêsang ... kaca 16

VI. Wiwit kawêngan ngudi kabatosan ... kaca 18

VII. Kapindhah dhatêng Batawi dados pambantu guru dhoktêr ... kaca 21

VIII. Kapindhah dhatêng Sragèn ... kaca 23

IX. Kapindhah dhatêng Nglawang ... kaca 27

X. Wontên ing Surakarta Adiningrat ... kaca 29

XI. Kamayaranipun abdi dalêm, wontênipun pantiraga ... kaca 31

XI. Bêtah sagêd têmbung Jawi ... kaca 33

XIII. Sinau dhoktêr inggil ... kaca 36

XIV. Wontên kalangan ebah-ebahan ... kaca 44

XV. Dados bupati dhoktêr ... kaca 52

XVI. Dumugi pènsiyun ... kaca 65

XVII. Biwadha Mulya ... kaca 81