Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Rônggawarsita, Kumite Rônggawarsitan, 1931-33, #184 (Jilid 2)

Katalog:Babad Rônggawarsita, Kumite Rônggawarsitan, 1931-33, #184
Sambung:
1.Babad Rônggawarsita, Kumite Rônggawarsitan, 1931-33, #184 (Jilid 1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #128.
2.Babad Rônggawarsita, Kumite Rônggawarsitan, 1931-33, #184 (Jilid 2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #191.
3.Babad Rônggawarsita, Kumite Rônggawarsitan, 1931-33, #184 (Jilid 3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #192.

Lelampahanipun R. Ng. Ranggawarsita

Pujangga Karaton ing Surakarta

Jilid II

--- 2 : 0 ---

Sêrat Babad Cariyos Lêlampahanipun Suwargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita

Pujôngga Agêng ing Nagari Surakarta Adiningrat

Jilid 2

Kawêdalakên dening Kumite Rônggawarsitan

Kacithak ing Drikêrèi Marês Surakarta

Taun 1932 _ 951000

--- 2 : 1 ---

Awit saking panggalihipun Gusti Panêmbahan taksih anawung dêduka, dening kasêsanipun anggèning nyuwunakên ganjaran pangkat dhatêng Bagus Burham, mila lajêng sowan malêbêt, Bagus Burham kadhawuhan andhèrèk, sarêng sampeyan dalêm sampun lênggah ing paringgitan, Gusti Panêmbahan lajêng majêng ing ngarsa dalêm, sasampunipun lênggah satata, sampeyan dalêm lajêng andangu dhumatêng ingkang rama Gusti Panêmbahan, bab prêluning karaton, bab prêluning praja, bab kawontênanipun nagari Surakarta, taksih warni-warni ingkang dipun dangokakên, Gusti Panêmbahan angunjukakên wangsulan sadaya ingkang dados pandangu dalêm wau, sampeyan dalêm angraosi bab wisudhan, manawi wontên abdi dalêm ingkang tilar dunya, wêwatêsaning waris ingkang kêdah dipun gêntosakên, satunggal, waris anak jalêr, kalih waris anak èstri, tiga waris sadhèrèk jalêr, sakawan waris kaponakan anaking sadhèrèk jalêr, manawi wontên abdi dalêm ingkang tilar dunya taksih gadhah waris sakawan bab wau, tilas kalênggahanipun kêdah kaparingakên dhatêng waris, dene manawi abdi dalêm ingkang tilar dunya wau sampun botên gadhah waris, punika sawêg kenging dipun gêntosi dening pamagang ingkang sampun dangu pasuwitanipun, ingkang srêgêp pasowananipun, saha ingkang sampun gadhah lêlabêtan, sukur angsal pamagang ingkang gadhah kagunan tuwin kalangkungan, samantên wau kajawi abdi dalêm [dalê...]

--- 2 : 2 ---

[...m] ingkang kawajibanipun dados kriya, kados ta carik, sungging, sungkêt, burdir, puntu, tênun, undhagi, pandhe, sayang sapanunggilanipun, punika ingkang kêdah kagêntosakên, manawi gadhah waris, inggih kêdah warisipun salah satunggal ingkang sampun nyêkapi dhatêng kawajibanipun, manawi warisipun botên wontên ingkang nyêkapi dhatêng pandamêlanipun ingkang tilar dunya wau, punika warisipun sawêg kenging dipun tilar, ananging waris ingkang dipun tilar wau, botên lajêng dipun kèndêlakên kemawon, taksih kêdah dipun galih dados abdi dalêm ingkang mèmpêr kalênggahaning bapa.

Pangandika dalêm botên wêntala badhe nyilêp waris sakawan bab wau, amargi abdi dalêm sadaya punika sampun kathah ingkang sami alabêt praja, sawêg pintên dangunipun jaman Giyanti dumugi sapunika, malah taksih kathah abdi dalêm ingkang sampun amêningi kala jamanipun pêrang agêng Giyanti.

Sampeyan dalêm lajêng angêndikakakên nalika adêgipun karaton Mataram, para abdi dalêm jaman kala samantên, anggèning suwita sami ambêkta têdha piyambak-piyambak, amila sampeyan dalêm taksih angèngêti sangêt dhatêng lêlabêtanipun para abdi dalêm, ing sasagêd-sagêd sampun ngantos angewahi dhatêng wêwênanging warisipun para abdi dalêm wau, malah ingkang rama Gusti Panêmbahan satêngah dipun wêlèhakên, ananging dipun sambang [sa...]

--- 2 : 3 ---

[...mbang] liring pangandika, sampun ngantos anyilêp dhatêng warisipun para abdi dalêm, botên sae kadadosanipun, sumukipun mindhak anyiyutakên praja, ing môngka pangèsthining panggalih dalêm, panjênêngan nata Jawi punika kaluhuranipun sagêda pulih kados kala jaman kina.

Ingkang rama Gusti Panêmbahan rumaos kaluhuran pangandika dalêm, mila unjukipun namung badhe angèstokakên.

Sampeyan dalêm anglajêngakên pangandhika dalêm, mila wontênipun sampeyan dalêm dèrèng sagêd amarêngakên suwunipunpanyuwunipun. ingkang rama, nalika Bagus Burham kasuwunakên dados abdi dalêm panèwu jaksa tuwin mantri êmban, amargi ingkang kasuwun wau sami taksih gadhah waris.

Sarêng sampeyan dalêm mawi angandikakakên Bagus Burham, Gusti Panêmbahan rumaos angsal mêrgi, wusana lajêng munjuk sampeyan dalêm, manawi wontên lilah dalêm, Bagus Burham kasuwunakên kamirahan dalêm kapacaka dados abdi dalêm urdênas kemawon, amargi abdi dalêm urdênas punika namung gumantung wontên kaparêngipun karsa dalêm, dene sapunika Bagus Burham sampun kasowanakên malêbêt, angadhêp wontên sangandhaping jambêt kalampok.

Dhawuh timbalan dalêm, panyuwunipun ingkang rama sampeyan dalêm botên kagungan pakèwêd amarêngakên, sapunika sampeyan dalêm badhe uninga Bagus Burham rumiyin.

Gusti Panêmbahan ragi sulaya kalihan karsa dalêm, kaparêng

--- 2 : 4 ---

dalêm badhe wuninga makatên têgêsipun sabên dintên Bagus Burham kadhawuhan nyowanakên malêbêt, supados kulina kalihan sampeyan dalêm rumiyin, panampinipun Gusti Panêmbahan, Bagus Burham badhe dipun uningani sampeyan dalêm, mila lajêng mengo mangidul dhawuhakên dhumatêng Nyai Tumênggung ingkang tampi, kadhawuhan nimbali dhumatêng Bagus Burham, kadhawuhana majêng dhatêng godhagan (sapunika nama paningrat), aturipun nyai tumênggung sêndika.

Bagus Burham sampun kairit majêng ing ngarsa dalêm, sadumuginipun ing godhagan lajêng sila mabukuh, sirah konjêm ing siti, dhawuh timbalan dalêm kadhawuhan minggah, Bagus Burham inggih lajêng minggah, linggihipun sangyasangsaya. mabukuh, anggènipun mapanakên bokongipun ngantos katingal kêlèt kalihan jobin pêthak ingkang dipun linggihi, sadangunipun ngadhêp wontên ing ngarsa dalêm, botên dipun paringi pangandika punapa-punapa, namung kêdhap-kêdhap kalirik dipun pariksani, sampeyan dalêm taksih andumugèkakên ngêndikan akalihan ingkang rama Gusti Panêmbahan, sarêng sampun ngajêngakên jêngkar dalêm, sampeyan dalêm angêndikakakên anggèning mêntas kapisungsung gêntha saking Walandi agêngipun sapalinggihan kapara langkung, wujudipun kapriksakakên ingkang rama.

Kala samantên gêntha wau kasèlèhakên wontên sakidul kori Prabasuyasa perangan jawi, lajêng dipun pariksani saking [sa...]

--- 2 : 5 ---

[...king] palênggahan kemawon dening ingkang rama, Gusti Panêmbahan sakalangkung eram ing panggalihipun, saha angalêmbana saening garapipun saha agêngipun, unjukipun, gêntha punika saupami kapasang wontên sacêlakipun kori Brajanala, badhe anambahi asrining sêsawangan.

Sarêng sampeyan dalêm badhe jêngkar, gêntha wau gujênganipun ingkang nginggil kaasta ing asta kiwa, lajêng kaumbulakên manginggil, pangandhika dalêm dhumatêng ingkang rama, têka ènthèng kemawon gêntha punika bobotipun, botên sêmbada kalihan agênging wujudipun, ingkang rama namung andhêku kalihan gumujêng kemawon.

Satêmênipun pangandika dalêm ingkang makatên wau, kagêm anyêmoni ingkang rama Gusti Panêmbahan, ingkang rama punika satriya agêng ingkang sampun misuwur kadibyanipun, ing Surakarta botên wontên ingkang nyamèni agênging panguwaosipun, nanging manawi sawêg wontên ingkang dipun rênani, ngantos angènthèngakên boboting satriya agêng, salêbêtipun taksih ngasta gêntha wau sampeyan dalêm lajêng tindak dhatêng palinggihanipun Bagus Burham, gêntha ingkang dipun asta wau lajêng katutupakên kangge ngurungi Bagus Burham. Krêkêp, katingal botên sêsak tuwin botên anggronggong, Sampeyan Dalêm lajêng lumêbêt ing Prabasuyasa, ingkang rama Gusti Panêmbahan lajêng kalilan ngaso kondur.

--- 2 : 6 ---

Gusti Panêmbahan badhe ambikak ajrih sangêt kalihan sampeyan dalêm, bokmanawi wontên kaparênging karsa dalêm ingkang Gusti Panêmbahan botên mangrêtos, botên dangu lajêng kondur, samunduripun saking parasdya turut mêrgi botên têlas-têlas pangudaraosing galih ingkang dados kaparênging karsa dalêm, dipun inggahakên, dipun andhapakên, mêksa dèrèng sagêd pinanggih, manawi pangandika dalêm wau sampun rumaos saha sampun têrang bilih anyêmoni Gusti Panêmbahan, ingkang dipun raosakên wau namung anggènipun anutupi gêntha Bagus Burham, Gusti Panêmbahan dèrèng andukap ingkang dados kaparêngipun karsa dalêm, dangu-dangu lajêng mupus ing pêpasthèn, namung nyênyuwun dhatêng ingkang adamêl gêsang, mugi-mugi wontên pitulunging Pangeran angrêksa dhumatêng kawilujênganipun Bagus Burham.

Sarêng sampun tigang dintên tigang dalu, Gusti Panêmbahan katimbalan ngêndikan ing sampeyan dalêm, sanalika lajêng sowan, anggèning tindak sawêg dumugi palataran, sampeyan dalêm lajêng utusan nyai tumênggung, Gusti Panêmbahan kadhawuhan lajêng dhumatêng ing paringgitan kemawon, sarêng ingkang rama sampun lênggah, sampeyan dalêm lajêng jumênêng, gêntha ingkang kagêm anutupi Bagus Burham wau lajêng dipun asta kasingkirakên dhatêng panggènanipun lami, Bagus Burham taksih dèrèng ewah palinggihanipun, saha guwayanipun inggih botên ewah, sampeyan dalêm [dalê...]

--- 2 : 7 ---

[...m] lajêng andhawuhakên dhumatêng ingkang rama, kaparêngipun karsa dalêm, sapunika Bagus Burham kakarsakakên dados abdi dalêm carik kadipatèn, kapatêdhan nama Rôngga Pujangganom, (katêlahipun nama Rôngga Pajanganom),Dalam kata "Pajanganom", letak "taling" salah, seharusnya diletakkan sebelum huruf "na" tetapi dalam teks diletakkan sebelum huruf "nga". unjukipun Gusti Panêmbahan sêndika, lajêng kalilan mundur, Bagus Burham andhèrèk, sampeyan dalêm lajêng jêngkar angadhaton.

Sadumuginipun ing dalêm, dhawuh dalêm wau lajêng kadhawuhakên dhumatêng abdi dalêm bupati kadipatèn, kanthi maringakên Bagus Burham, lajêng kadhawuhan nêtêpakên kados adat, dene pandamêlanipun lêstari kapundhut wontên ing Buminatan.

Tampining dhawuh timbalan dalêm anggèning Bagus Burham kakarsakakên dados abdi dalêm carik kadipatèn, kapatêdhan nama Rôngga Pajanganom = Pujaganom,Pujangganom. amarêngi ing dintên Sênèn Paing tanggal kaping 4 wulan Sapar taun Alip 1747, sinangkalan candraning warsa, amuji suci pandhitaning ratuSengkalan: amuji suci pandhitaning ratu (Senin Paing, 4 Sapar 1747 A.J., Selasa, 23 Nopember 1819 A.D.).

Panggalihipun Gusti Panêmbahan sampun ragi sumèlèh, dene Bagus Burham sampun angsal pancadan dados abdi dalêm, sapunika namung kantun anggalih kalampahaning dhaubipun ingkang putra Radèn Ajêng Gombak, sanadyan kaparêngipun Gusti Panêmbahan wau daya-daya tumuntên sagêdipun kalampahan, namung sarèhning Radèn Ajêng Gombak wau taksih gumantung wontên panguwasanipun Kangjêng Pangeran Adipati Cakradiningrat, amila

--- 2 : 8 ---

ingkang langkung prêlu aparing uninga rumiyin dhumatêng ingkang putra kangjêng pangeran adipati ing Kadhiri.

Gusti Panêmbahan badhe amaringi sêrat dhumatêng ingkang putra Kangjêng Pangeran Adipati Cakradiningrat, ing Kadhiri, ingkang kadhawuhan damêl sêratipun saha ingkang kadhawuhan nyêrat Mas Rôngga Sastra Panêmbung, suraosing sêrat, awit saking angèstokakên dhawuhing pangandika dalêm, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ingkang sampun suwarga kaping IV, Radèn Ajêng Gombak kadhawuhan anarimakakên dhumatêng Bagus Burham, anakipun Ngabèi Rônggawarsita (Jayusman) ingkang sapunika sampun kakarsakakên dados abdi dalêm carik kadipatèn, kapatêdhan nama Rôngga Pajanganom, kangjêng pangeran adipati kapundhut lilahipun, saha katimbalan ingkang rama dhumatêng ing nagari Surakarta, badhe dipun paringi uninga tuwin pangandika ingkang prêlu-prêlu tumrap kaparêngipun Gusti Panêmbahan wau.

Sarêng sêrat sampun dados lajêng dipun tapak astani, sarta lajêng dipun lak, tumuntên lajêng kaparingakên dhumatêng Mas Ngabèi Sêtraharja, mantri pinisêpuh ing Buminatan, inggih punika ingkang badhe kautus maringakên sêrat wau dhumatêng Kangjêng Pangeran Adipati Cakradiningrat ing Kadhiri, Mas Ngabèi Sêtraharja lajêng pangkat, wontên ing mêrgi botên kacariyos.

Sadumuginipun ing kitha Kadhiri lajêng sowan kangjêng pangeran adipati, [a...]

--- 2 : 9 ---

[...dipati,] anggènipun amanggihi wontên ing paringgitan, Mas Ngabèi Sêtraharja matur kados adat prêlunipun kautus, sêrat lajêng dipun aturakên, sarêng sêrat sampun kawaos tamat, kangjêng pangeran adipati lajêng andangu dhumatêng Mas Ngabèi Sêtraharja, bab pangèdhêkipun Bagus Burham wontên ing Buminatan, Ngabèi Sêtraharja ngaturakên punapa kawontênanipun ingkang sampun dipun sumêrêpi. Kangjêng pangeran adipati sakalangkung pangunguning panggalihipun, môngka dèrèng sapintêna dangunipun, nalika kangjêng pangeran adipati kapanggih Bagus Burham tuwin Ki Tanujaya wontên kitha Madiun kala samantên, wêrnènipun taksih katingal anglarèni, dene sapunika sampun dados tiyang sêpuh ingkang limpat panggraitanipun, nanging wiwit kala samantên kangjêng pangeran adipati pancèn panggalihipun sampun kraos, nalika sêsêripun Bagus Burham dipun tumbas ingkang putra Radèn Ajêng Gombak, sapunika têka badhe dados jatukramanipun sayêktos.

Sarêng sampun sawatawis dangu, Mas Ngabèi Sêtraharja kadhawuhan aso dhumatêng panggenan ingkang sampun dipun sudhiyakakên, kangjêng pangeran adipati lajêng lumêbêt ing dalêm, ingkang garwa lajêng dipun timbali, sarêng radèn ayu adipati sampun sowan, lajêng dipun paringi uninga ingkang dados kaparêngipun ingkang rama Gusti Panêmbahan, radèn ayu adipati dèrèng andungkap [andung...]

--- 2 : 10 ---

[...kap] ingkang dados kaparêngipun ingkang raka, mila namung angaras kalihan nyuwun cumandhong dhawuh. Ingkang raka lajêng anglairakên raosing panggalih, sarta angèngêtakên kaelokaning Pangeran dhumatêng ingkang garwa, nalika sêsêripun Bagus Burham katumbas ingkang putra nalika wontên Madiun kala samantên, têka sapunika wahananipun badhe dados jodhonipun ingkang putra sayêktos. Ingkang garwa lajêng gumujêng latah, amargi taksih kèngêtan lêlampahanipun Bagus Burham kalihan ingkang putra Radèn Ajêng Gombak kala samantên.

Enggaling rêmbag, kangjêng pangeran adipati sakalihan ingkang garwa sampun sami anyondhongi, sanès dintên Ngabèi Sêtraharja kalilan wangsul dhumatêng ing nagari Surakarta, mawi dipun bêktani sêrat wangsulan, botên kacariyosakên wontên ing margi, enggaling cariyos sampun dumugi ing Buminatan, sêrat wangsulan saking ingkang putra lajêng kaunjukakên Gusti Panêmbahan, sêrat lajêng kawaos, sarampunging pamaos Gusti Panêmbahan sangêt bingah ing panggalihipun, sêratipun kangjêng pangeran adipati wau lajêng kaparingakên dhumatêng Radèn Tumênggung Sastranagara, sarta lajêng kawaos, satamating pamaosipun, panggalihipun ugi sakalangkung bingah,dene botên nyana dhatêng agênging kabêjanipun ingkang wayah, mila lajêng animbali dhumatêng ingkang putra Mas Ngabèi Rônggawarsita, sarêng sampun [sampu...]

--- 2 : 11 ---

[...n] sowan, lajêng dipun paringi uninga sêratipun Kangjêng Pangeran Adipati Cakradiningrat, ingkang putra kadhawuhan amirantos lamaran ingkang badhe kacaosakên Gusti Panêmbahan, saha amirantosana badhe pangundhuhipun pangantèn, aturipun ingkang putra sêndika.

Kacariyos ing kitha Kadhiri, kala samantên sapêngkêripun Mas Ngabèi Sêtraharja, kangjêng pangeran adipati sakalihan ingkang garwa, lajêng bidhal dhumatêng ing nagari Surakarta, sowan dhumatêng ing Buminatan, kadhèrèkakên para putra santana saha para abdi-abdi sawatawis kathahipun, ambêkta sapirantosing tiyang gadhah damêl ngantos pintên-pintên kapal, sarêng dumugi ing Buminatan, andadosakên bingahing panggalihipun ingkang rama, dene sadaya angsal-angsal wau lajêng kadhawuhan maringakên dhumatêng ingkang gadhah kawajiban piyambak-piyambak.

Kênthêling rêmbag, Radèn Ajêng Gombak saèstu katarimakakên dhumatêng Mas Rôngga Pajanganom, panggihipun wontên ing dalêm Buminatan, amarêngi ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping 17 wulan Bêsar nunggil taun Alip 1747, komuk sucining pandhita mudha,Sengkalan: komuk sucining pandhita mudha (Senin Kaliwon, 17 Besar 1747 A.J., Selasa, 16 September 1820 A.D.). Gusti Panêmbahan andhatêngakên suka, mawi pasamuwan agêng, angaturi para pangagêng Jawi Walandi, botên wontên ingkang kalangkungan, sanadyan Radèn Ajêng Gombak wau namung putra pundhutan, nanging sarèhning Gusti Panêmbahan wau [wa...]

--- 2 : 12 ---

[...u] botên kagungan putra piyambak, dados raosing panggalih botên bedha kalihan putranipun piyambak, mila pasamuwanipun ngantos sapêkên muput.

Sarêng pangantèn sampun sapêkên, lajêng kasuwun dipun undhuh dhumatêng ing Sastranagaran, Radèn Tumênggung Sastranagara ugi andhatêngakên suka, pamiwahanipun botên beda kalihan ing Buminatan, pasamuwanipun ugi ngantos sapêkên, sarêng sampun bibar sapêkên, pangantèn lajêng kapundhut malih dhumatêng ing Buminatan.

Salapaning dintên pangantèn, lajêng gêntos dipun undhuh dhumatêng ing Kadhiri, wontên ing Kadhiri ugi dipun wiwaha malih kados nalika panggihipun, malah pasamuwanipun langkung agêng wontên ing Kadhiri, amargi kangjêng pangeran adipati sawêg nêmbe sapisan punika kagungan damêl mantu, dados dipun paribasakakên ambubak kawah, mila pasamuwanipun botên namung sapêkên kemawon, ananging ngantos anglantur pintên-pintên dintên botên wontên kèndêlipun, waragadipun ngantos botên mawi petangan. o.

Cariyos Lêlampahanipun Mas Rôngga Pajanganom, wontên ing Kitha Kadhiri.

Mas Rôngga Pajanganom wontên ing kitha Kadhiri laminipun ngantos pintên-pintên wulan, sampun rambah-rambah dipun timbali Gusti Panêmbahan, supados enggal wangsul dhatêng Surakarta, nanging kangjêng pangeran adipati dèrèng sagêd ngaturakên, dados sadangunipun [sa...]

--- 2 : 13 ---

[...dangunipun] wontên ing kitha Kadhiri sapisan kemawon dèrèng nate sowan tuwi dhumatêng ing Buminatan, tuwin dhumatêng ing Sastranagaran, ewodene botên pisan-pisan andadosakên dêdukanipun Gusti Panêmbahan, malah sabên wulan kaparingan kintunan warni-warni wêdalan ing Surakarta, supados andadosakên kabingahaning manahipun Mas Rôngga Pajanganom sakalihan radèn ayu.

Sanadyan Mas Rôngga Pajanganom wontên ing Kadhiri botên kacuwan manahipun, nanging raosipun botên kados wontên ing nagari Surakarta, punapadene manawi kèngêtan asihipun Gusti Panêmbahan dhumatêng saliranipun, raosing panggalih lajêng ngênês saking prihatosipun, sabên dalu namung tansah kêkadhar wontên ing jawi kemawon, ingkang garwa Radèn Ayu Rôngga ngantos bela tumut prihatos, Ki Tanujaya botên kirang anggènipun amituturi dhumatêng Mas Rôngga Pajanganom, supadèssupados. sampun ngantos katingal susah panggalihipun, manawi ngantos kawistara, ambokmanawi sagêd adamêl sêling sêrêping panggalihipun kangjêng pangeran adipati sakalihan, mindhak botên sae kadadosanipun, ewodene Mas Rôngga Pajanganom botên kengguh sadaya pituturipun Ki Tanujaya wau, malah Mas Rôngga Pajanganom nyuwun pamit dhatêng Surabaya, saha dhatêng ing Bali.

--- 2 : 14 ---

Kangjêng pangeran adipati sampun botên kêkirangan pamilutaning panggalih dhumatêng Mas Rôngga Pajanganom, supados têntrêm wontên ing kitha Kadhiri kemawon, nanging Mas Rôngga Pajanganom mêksa adrêng botên kenging dipun pambêngi, mila kangjêng pangeran adipati inggih lajêng amarêngakên, nanging dipun dhawuhi sampun ngantos dangu-dangu, Mas Rôngga Pajanganom aturipun sêndika, lajêng dipun paringi sangu sacêkapipun kangge wontên ing margi dumugi mantukipun, sanès dintên lajêng mangkat, ingkang dipun kanthi namung Ki Tanujaya piyambak, panganggenipun sami anyalamur pindha santri.

Sadumuginipun ing Surabaya Mas Rôngga Pajanganom dhatêng ing dhusun Ngadiluwih, badhe sumêdya sowan Kyai Tunggulwulung, ingkang sampun kasusra ing jagad têtiga dados tiyang linangkung ing sasami, saciptanipun dados, sumêrêp sadèrèngipun winarah sampun dados gêgununganipun tiyang sa-bang wetan sadaya, sarêng sampun dumugi ing dhusun Ngadiluwih, lajêng dipun papagakên dening Kyai Tunggulwulung, kalêbêtakên ing griya.

Kyai Tunggulwulung punika dèrèng kawical tiyang sêpuh, kintên-kintên sawêg wanci gadhah putu kalih, pitêpanganipun dhatêng sasami sae, tandukipun gapyak, wicantênipun manis sumanak, tuwin pratitis, Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya sampun sami kalinggihakên ing Salu, Kyai Tunggulwulung ambagèkakên [ambagè...]

--- 2 : 15 ---

[...kakên] kawilujênganipun tiyang kalih, Mas Rôngga Pajanganom amangsuli wilujêng, sarta lajêng anglairakên saraosing panggalih sumêdya ngangsu kawruh badhe puruhita dhatêng panjênênganipun Kyai Tunggulwulung.

Wangsulanipun Kyai Tunggulwulung anglairakên cupêting kawruh, saking labaning kirang sarasehan, ingkang dipun kulinaningkulinani. namung tiyang dhusun sakiwa têngênipun ing Ngadiluwih ngriki kemawon, manawi Mas Rôngga sumêdya badhe puruhita dhatêng piyambakipun, punika kaparibasakakên sungsang buwana balik, lêrêsipun malah piyambakipun ingkang puruhita dhatêng Mas Rôngga Pajanganom, wicantênipun Kyai Tunggulwulung ingkang makatên wau kalihan ngatingalakên sumèhing pasêmon, padhanging polatan, kasambi pitakèn dhatêng Mas Rôngga Pajanganom, tuwin dhatêng Ki Tanujaya, sakalihan punapa ingkang dipun sêptani, mila sadangunipun rawuh sakalihan dèrèng sami dipun caosi pisêgah, cara ngriki pisaratipun kêdah mawi dipun taros rumiyin.

Mas Rôngga Pajanganom, tuwin Ki Tanujaya, sami amangsuli namung anyumanggakakên kemawon, nanging ingkang dipun doyani namung ulam lèpèn.

Kyai Tunggulwulung lajêng kèndêl sakêdhap, lajêng tumênga manginggil, sanalika lajêng wontên ulam badhèr wagal, klalèn, dhawah saking nginggil, agêngipun sakempol-kempol,

--- 2 : 16 ---

sami pating kalèpèk wontên ing jogan, Kyai Tunggulwulung lajêng angundang anak semahipun, kapurih anggorèngi ulam lèpèn ingkang wontên ing jogan punika, amargi sêlak badhe kagêm pacitan ngunjuk wedang tamunipun kalih punika, ulam lajêng dipun pêndhêti dening Nyai Tunggulwulung saanakipun, kabêkta dhumatêng pawon.

Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya, sarêng sami sumêrêp mujijatipun Kyai Tunggulwulung ingkang kawêdalakên wau, sanadyan lairipun katingal eram sarta angalêmbana, nanging ing batos sami amaoni kamanah taksih amindho damêl, amila Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya, sami andum damêl angêdalakên mujijatipun piyambak-piyambak, sadangunipun Nyai Tunggulwulung uthêg ambèthèti ulam, tuwin wontên ingkang sampun kumrèngsèng wontên ing wajan, lajêng wontên tiyang kalih sami angirit jodhang kalih, tiyang wau sarêng sampun dumugi sangajênging griyanipun Kyai Tunggulwulung, lajêng dipun papagakên dening Nyai Tunggulwulung, dipun kintên amunjung dhumatêng semahipun, nanging sarêng dipun pitakèni, badhe madosi Mas Rôngga Pajanganom kalihan Ki Tanujaya, Nyai Tunggulwulung ragi kalincutan manahipun, wasana lajêng dipun irit dhatêng ing griya, sarêng sampun kapanggih kalihan Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya, bêbêktanipun kalih jodhang lajêng sami dipun aturakên, sumêrêp pisêgahipun [pi...]

--- 2 : 17 ---

[...sêgahipun] dhatêng priyantun sakalihan punika, tiyang kalih wau sami dipun pitakèni dening Ki Tanujaya, ngakên saking dhusun Selagugur, jodhang kalih lajêng kapasrahakên Nyai Tunggulwulung, sarêng kawêdalakên isinipun sêkul ulam, tuwin panganan, punapa dene ulam lèpèn gorengan, badhèr tagèh, klalèn, agêngipun ugi sakempol-kempol, wedang sarampadan, sagêndhisipun pisan, sadaya wau lajêng katata andhèr wontên ing ambèn, sarêng sampun dipun tampèni, tiyang kalih lajêng nyuwun pamit wangsul, wadhahipun lajêng sami dipun tilar sadaya, sanès dintên sagah badhe dipun purugi, sapêngkêripun tiyang kalih wau, Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya, sakalih-kalihipun sami muji sukur ring Pangeran, dene pangèsthining manahipun sami sagêd kalêksanan, namung Kyai Tunggulwulung piyambak ingkang anjêngêr, ngantos sapandurat botên sagêd wicantên, sangking anggèning angrumaosi mujijatipun taksih kawon kalihan tamunipun, wasana lajêng rumaos bilih piyambakipun pancèn kawon linangkung, Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya, sumêrêp osiking manahipun Kyai Tunggulwulung, amila lajêng kasêsamur dipun aturi sami angrahapi pisêgahipun sadhèrèk Selagugur wau, Kyai Tunggulwulung inggih lajêng tumut angrahapi, lajêng katungka pisêgahipun Nyai Tunggulwulung kaladosakên, lajêng sami

--- 2 : 18 ---

katata wontên ing ambèn, mila katingalipun rêma kados pisêgahipun tiyang ingkang badhe gadhah damêl.

Tiyang tiga anggèning sami lêlinggihan wiwit siyang dumugi sontên, botên wontên ingkang karaos sami sayah, Ki Tanujaya awon nganggur nyuwun pitakèn dhatêng Kyai Tunggulwulung, menggah têbih cêlakipun dhusun Selagugur punika, kalihan dhusun Ngadiluwih sapintên têbihipun, wangsulanipun Kyai Tunggulwulung, manawi botên kalèntu taksih lampahan sawisan damêl, Kyai Tanujaya andhêku kalayan angatingalakên bingahing manahipun.

Sarêng sampun dalu, tiyang tiga lajêng sami saraseyan ngabên lungiding manah, katiganipun sami sawung patohan sadaya, sarêng saya dalu Kyai Tunggulwulung ragi kasêsêr rêmbagipun, amila sampun lajêng angrumaosi kawon, sarta angalêmbana sangêt dhatêng lêpasing panggalihipun Mas Rôngga Pajanganom, sawawratipun taksih lare Kyai Tunggulwulung sampun botên sagêd anginggahi inggiling kawruhipun, amila lajêng matur dhatêng Mas Rôngga Pajanganom, manawi kaparêng nyuwun badhe puruhita, Mas Rôngga Pajanganom akipa-kipa botên sagêd amituruti, amargi rumaos dèrèng pantês dipun puruhitani, wasana namung lajêng dados mitra darma kemawon.

Mas Rôngga Pajanganom wontên ing Ngadiluwih nyipêng pitung dintên pitung [pi...]

--- 2 : 19 ---

[...tung] dalu, lajêng bidhal dhatêng ing Banyuwangi, pangèsthining panggalih badhe amadosi padhukuhanipun Kyai Ajar Wiradi, ing dhusun Ragajampi, sarêng lampahipun dumugi ing dhusun Ngêpos Kapanjèn, lajêng pitakèn dhatêng bakul garabadan ingkang sawêg pinuju dhasar wontên ing Ngêpos ngriku. Punapa sumêrêp padhukuhanipun Kyai Ajar Wiradi ing dhusun Ragajampi, ingkang dipun pitakèni wangsulanipun, sumêrêp, nanging namanipun wontên ing Banyuwangi ngriki dede Kyai Ajar Wiradi makatên, kasêngbutkasêbut. Kyai Ajar Wirakôntha, griyanipun ugi ing dhusun Ragajampi, saking dhusun Ngêpos Kapanjèn ngriki taksih lampahan sawisan damêl, lampahipun mangetan lêrês, manawi sapunika lajêng tindak, kados botên ngastosngantos. bakda luhur sampun dumugi. Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya, sangêt panarimahipun dhatêng ingkang suka pitêdah wau, wasana lajêng andumugèkakên lampahipun dhatêng ing dhusun Ragajampi.

Sarêng lampahipun sampun dumugi ing dhusun Ragajampi, botên mawi pitakèn malih, Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya, lajêng anjujug padhukuhanipun Kyai Ajar Wirakôntha kemawon, ing wêgdal wau Kyai Ajar sawêg linggih wontên sangajênging patanèn, dipun adhêp dening para siswanipun anggabab wontên ing talundhagan, para siswa wau pangadhêpipun sami anoraga kados satataning ngadhêp bôngsa luhur, sabên awawan [awa...]

--- 2 : 20 ---

[...wan] ginêm kalihan para siswanipun, para siswanipun wau anggèning amangsuli mawi anyêmbah sêsedhokan.

Kyai Ajar Wirakôntha wau kacariyos, ênèm sêpuhipun sawêg antawisipun kawan dasa gangsal taun, dêdêgipun agêng inggil, kêkulitanipun ambambang awak, brêngosipun kêtêpan, paraeanipun ragi sae, wicantênipun sora, sajak botên wontên ingkang dipun èrêpakên: padhukuhanipun, mapan tuwin wiyar, ngajêng wingking wontên lèpènipun, griyanipun sakawan sampun agêng-agêng sadaya, payonipun sami atêp, lumbungipun manggèn sawetaning griya wingking kapara têbih, sakiduling lumbung kandhang maesa, kandhang lêmbu, tuwin kandhang maenda, wujuding maesa, lêmbu, tuwin maenda, kawistara, tabêri pangopènipun, sawanganipun sami ayêm alêmu-lêmu. Sakilèning pandhapa wontên masjidipun agêng anjênggarang, masjid wau kinupêng ing balumbang ingkang kabatur ing sela cêmêng, toyanipun bêning anyarong, dipun ingahi ulam tômbra sami katingal pating sariwêt adamêl sênênging manah, sabên wontên galibêding tiyang lajêng sami angrompol bêbayakan, èsthinipun kados angajêng-ajêng tumuntêna sami dipun têdhani. Pakaranganipun Kyai Ajar rêsik gumarining, pasitènipun pasir, mirit rêsikipun, pakarangan wau kopèn sangêt pangupakaranipun, têtanêmanipun warni-warni, manggis, dhuku, kêpêl,

--- 2 : 21 ---

rambutan, jêram kêprok, jêram lêgi, sapanunggilanipun, nanging ingkang dipun kathahakên namung jêramipun kêprok, sanadyan sadaya têtanêman wau sawêg sami nêdhêng-nêdhêngipun awoh ambiyêt, ewadene kathahing uwohipun dèrèng paja-paja sami kalihan jêramipun kêprok, jêramipun kêprok wau racakipun sawêg sami sadêdêging tiyang inggilipun, katata rampak abêbanjêngan botên wontên ingkang katingal moncol sêsipatanipun, kathahipun ngantos pintên-pintên dasa uwit, uwohipun sami ambiyêt, ngantos katingal kados sêmpal-sêmpala, wêrnènipun jêne-jêne asêmu abrit, anambahi dhatêng asrining sêsawangan, ing batos Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya, sami kapingin dhatêng uwohing jêram kêprok wau, badhe kangge jampi ngêlak, namung kapenginipun wau lajêng kandhèh dening sabaring panggalih, Ki Tanujaya angiling-ilingi ingkang lajêng anglairakên rêraosan kalihan Mas Rôngga Pajanganom, ing ngriki punika jêramipun kêprok têka agêng-agêngipun samantên, sadangunipun Ki Tanujaya tuwin Mas Rôngga Pajanganom angiling-ilingi uwohing jêram wau, lajêng wontên pêksi dêrkuku sajodho saking kidul mencok uwit jêram ingkang sawêg dipun iling-ilingi dening tiyang kalih wau, sasampunipun mencok wontên ing ngriku sami salisik, sawêrni kados angaso. Pêksi dêrkuku èstri angudaraos dhatêng ingkang [ing...]

--- 2 : 22 ---

[...kang] jalêr, gumun sangêt dhatêng woh-wohan ing ngriki punika, langkung malih jêramipun kêprok, uwohipun ambiyêt agêng-agêng, wêrnènipun jêne-jêne, ingkang sampun sêpuh ngantos katingal abrit ambaranang, têka botên wontên ingkang wani angrêsahi, dalah pêksi-pêksi ingkang sami doyan nêdha woh-wohan, inggih botên wontên ingkang wani saba ing ngriki, beda kalihan panggenan sanèsipun, jêramipun botên sagêd agêng-agêng tuwin jêne-jêne, taksih ijêm-ijêm kemawon sampun dipun undhuhi, môngka manawi ing ngriki punika ingkang abrit-abrit botên kirang, punapa pancèn botên badhe dipun undhuhi babar pisan, sêngaja dipun ingah ngurag, ingkang isinipun ngantos thukul pating carongat, mênawi sampun kalajêng kados makatên, gèk badhe dipudipun. angge punapa, saèstunipun lajêng botên pajêng dipun sade. Dêrkuku jalêr amangsuli: inggih punika ingkang dipun wastani beda-bedaning tiyang, ingkang taksih ijêm-ijêm sampun dipun undhuhi, punika kabêkta ingkang gadhah jêram wau tiyang botên gadhah, amila daya-daya badhe dipun sade, dene ingkang ngantos dipun uragakên kados ing ngriki punika, ingkang gadhah tiyang cêkap, botên kêkirangan samukawis, makatên punika sawêg tata lairipun, nanging inggih wontên tiyang kacêkapan ingkang tabiyatipun kados tiyang botên gadhah, ingkang makatên wau saking anggènipun nyingkiri dhatêng hawa [ha...]

--- 2 : 23 ---

[...wa] nêpsu, amargi manawi botên makatên ingkang gadhah lajêng botên uman, dening kawon rumiyin kalihan tiyang ingkang sampun kawijèn sugih pamrih, sanadyan sampun dipun sêrung tuwin dipun têngga, ewadene manawi ingkang nêngga wau sawêg eman èwêt, tiyang ingkang sampun kawijèn sugih pamrih wau, pamêndhêtipun tanpa ngèngèh-ngèngèh, ngantos kados amêndhêti dhatêng tanêmanipun piyambak.

Dêrkuku èstri amangsuli kalihan gumujêng, gumun sangêt dhatêng tiyang ingkang sugih pamrih wau, dene botên nandukakên pamrihipun dhatêng pakarangan ngriki punika, punapa saking dèrèng sumêrêp, saupami sampun sumêrêp, mendah anggènipun mêndhêti, pangintênipun badhe angaji pupung.

Ingkang jalêr amangsuli, anglêrêsakên dhatêng wicantênipun ingkang èstri, sadaya botên wontên ingkang lêpat, ananging atasipun ing lair, sarêng wêwadosipun, punika ingkang angèl dipun upadosi, mênggah wadosipun makatên, mila padhukuhanipun Kyai Ajar Wirakôntha punika kajèn keringan, punika satêmênipun gadhah kêmat, inggih punika ingkang dipun wastani Aji Panglèngkètan, sintên kemawon ingkang wani mêndhêt barang gadhahanipun ingkang wontên salêbêting pakarangan punika, punapa ingkang dipun pêndhêt lajêng krakêt botên sagêd uwal, sarta lajêng dhèngkèlên botên sagêd kesah-kesah, sagêdipun kesah tuwin [tu...]

--- 2 : 24 ---

[...win] sagêdipun uwal barang ingkang dipun pêndhêt wau, manawi sampun nyuwun pangapuntên kalihan Kyai Ajar, patraping panyuwunipun pangapuntên, kados dene abdi dhatêng gustinipun, ingkang èstri lajêng dipun purih aningali tiyang kathah ingkang sami ngadhêp dhatêng Kyai Ajar punika, wiwitipun anggèning kèlu kèdhêp dhatêng Kyai Ajar wau, inggih saking dayaning kêmatipun kados ingkang dipun cariyosakên wau. Ingkang èstri lajêng pitakèn dhatêng ingkang jalêr, kêmat punika wujud punapa, têka dayanipun anggêgirisi, punapa punika saking mandining upasipun, ingkang jalêr amangsuli kalayan gumujêng. Kêmat makatên botên gadhah wujud, nanging saking cipta utawi sabda, manawi sampun dipun lampahi punapa saciptanipun dhatêng, sasabdanipun dados, nanging manawi sampun sumêrêp pagêdhonganipun, ingkang dipun wastani bikakanipun, badhe dipun pasangi kêmat kados punapa, kêmatipun cabar botên dados, saupami piyambakipun katitahakên doyan dhatêng woh-wohan, ambok inggih badhe anêlasakên woh-wohan sapakarangan punika, sagêd kemawon, langkung malih manawi tinitah dados manungsa, badhe nêlasakên jêram sapakarangan punika sadaya, namung sakêdhap kemawon, amargi nalika Kyai Ajar punika sawêg dipun wêjang dening gurunipun, kala samantên sawêg nuju tilêm wontên sanginggilipun anggèning mêjang, dêrkuku èstri katingal kalêgan manahipun, sinambi [sina...]

--- 2 : 25 ---

[...mbi] andhidhisi gulunipun ingkang jalêr, kalayan angudaraos, têka bêja têmên dene ingkang jalêr sumêrêp pamêjanging gurunipun Kyai Ajar, lha gèk bikakanipun wau wujud punapa. Ingkang jalêr amangsuli, botên wujud punapa-punapa, wontênipun namung patrap, inggih punika saupami wontên tiyang badhe mêndhêt woh-wohan, punapadene saisinipun pakarangan punika, sadèrènging tanganipun angranggèh, tangan wau kapandênga rumiyin sapandurat, lajêng kausapna ing talapakan rambah kaping tiga, kalayan mêgêng napas, punika kêmatipun sampun cabar botên dados, dene gurunipun Kyai Ajar punika, nama Kyai Ajar Sidalaku, padhepokanipun ing Pancak Tabanan, nagari Bali, sapunika Kyai Ajar Sidalaku wau inggih taksih wilujêng, manawi punika pancèn guru linangkung sayêktos, sumêrêp sadèrènging winarah, sagêd dhatêng agal lêmbat, botên kewran manjing ajur-ajèr, dene tiyang ingkang sami mariki punika, kalêbêt tiyang kêsasar, sarta ingkang kathah namung bangsaning tiyang rucah kemawon, saking rumaos botên wontên tiyang linangkung malih kajawi Kyai Ajar Wirakôntha, mila sarêng sami kataman kêmatipun Kyai Ajar, lajêng ngewon botên purun kesah saking ngriku, coba dipun tingalana, tiyang kalih ingkang sami ngadêg wontên sangandhaping wit jêram punika, (wicantênipun pêksi drêkuku jalêr punika kalihan suka pitêdah dhatêng ingkang

--- 2 : 26 ---

èstri, kapurih ningali dhatêng Mas Rôngga Pajanganom tuwin dhatêng Ki Tanujaya (ambok inggih kalintêran ngantos tigang dintên tigang dalu, arak dipun kèndêlakên kemawon, parlunipun pancèn dipun kala, supados sami mêndhêtana woh-wohan pundi ingkang dipun sênêngi, manawi sampun kataman kêmatipun, Kyai Ajar sawêg mêdal saking griya, kalayan pitakèn sêmu ngerang-erang, ciptaning manahipun, botên wontên tiyang sagêd kajawi piyambakipun, manawi tiyang ingkang kataman kêmat wau sampun kalesedan, sarta sampun purun angrêrêpa nyuwun pangapuntên, kêmatipun ingkang ngengingi dhatêng tiyang wau, sawêg dipun bikak, dene manawi Kyai Ajar ambikak kêmatipun piyambak, tanganipun kausapakên githokipun rambah kaping tiga.

Sadangunipun pêksi dêrkuku wau wicantên kalihan ingkang èstri, Ki Tanujaya sangêt anggèning aniling-nilingakên, ngantos wicantêning pêksi wau botên wontên ingkang kècèr sakêdhik-kêdhika, makatên malih Mas Rôngga Pajanganom, ugi sampun sagêd nyakup dhatêng wicantêning pêksi dêrkuku wau, wasana tiyang kalih lajêng sami anglairakên suka sukur ring Pangeran, dene manahipun sami kagadhuhan ilham, sumêrêp dhatêng wicantênipun sadaya kumêlip.

Wasitaning pêksi dêrkuku wau lajêng sami badhe dipun nyatakakên, tiyang kalih badhe ambikak kêmatipun Kyai Ajar, ingkang

--- 2 : 27 ---

kapasang wontên sadaya wau, sasampuning sami dipun bikak, lajêng wangsul dhatêng sangajênging pandhapa malih, ewadene mêksa dèrèng dipun sapa aruh dening Kyai Ajar, dipun lampu gêgujêngan kalihan cantrikipun kemawon, kiyasing manahipun, samôngsa tiyang kalih wau sampun purun mêndhêt woh-wohan ingkang sami katingal amenginakên punika, botên wande badhe kataman ing kêmatipun.

Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya, sami kabranang manahipun, lajêng angragèhangranggèh. amêndhêt jêram kêprok, ingkang manggèn wontên sangajêng pandhapa lêrês, sarêng Kyai Ajar sumêrêp tamunipun badhe ngundhuh jêram ingkang sampun dipun pasangi kêmat, ing batos sakalangkung bingahing manahipun, tamu wau tamtu badhe katalikung dening kêmatipun, ananging kados punapa pangunguning manahipun Kyai Ajar, dening kêmatipun botên sagêd andayani dhatêng tiyang kalih wau, mênggah ingkang makatên wau botên ngamungakên Kyai Ajar kemawon ingkang sangêt pangungunipun, para tiyang ingkang sami ngadhêp Kyai Ajar ugi sakalangkung eraming manahipun, malah pangudaraosing batos, punapa sapunika kadibyanipun Kyai Ajar sampun cabar, wasana Kyai Ajar lajêng dhatêng ing pandhapa angacarani dhatêng tamunipun, Mas Rôngga Pajanganom, Ki Tanujaya lajêng sami kalêbêtakên dhatêng ing griya.

--- 2 : 28 ---

Pancènipun Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya, sami badhe kalinggihakên wontên kajogan ngandhap, tunggil tiyang kathah ingkang sampun sami ngadhêp dhatêng Kyai Ajar, ananging Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya lajêng minggah ing kajogan nginggil kemawon, anggèning linggih ajêng-ajêngan kalihan Kyai Ajar, sanadyan Kyai Ajar ing batos botên rêna manahipun, nanging sinamun ing sêmu ngantos botên kawistara, wasana lajêng ambagèkakên kawilujênganing tamunipun.

Tiyang kalih lajêng sami amangsuli wilujêng, Ki Tanujaya lajêng anglairakên ingkang dados pikajêngipun, sumêdya badhe ngangsu kawruh, wangsulanipun Kyai Ajar, kados botên badhe kalèntu manawi priyantun kalih wau sumêdya ngangsu kasagêdan dhatêng Kyai Ajar, amargi pancèn kasusra ing jagad têtiga, padosa botên angsal kalih kados Kyai Ajar Wirakôntha, sarêng makatên, Ki Tanujaya ing batos angudaraos, tiyang makatên punika adatipun malah botên sampurna kasagêdanipun, garanipun namung anggèning sagêd ngêmat, ewadene badhe dipun jajagi sapintên lêbêting manahipun, Ki Tanujaya lajêng anoraga kalayan angluhurakên kasagêdanipun Kyai Ajar, dhasar Ki Tanujaya baud sangêt angonggrong manahing tiyang, amila sadaya wicantênipun Kyai Ajar botên namung dipun luhurakên kemawon, ananging lajêng dipun alêmbana ingkang Kyai [Kya...]

--- 2 : 29 ---

[...i] Ajar ngantos botên mangrêtos babar pisan, bilih pangalêmbananipun Ki Tanujaya wau namung anjujunganjunjung. ngêntêbakên.

Kyai Ajar malah kados dipun unggar manahipun, anggèning badhe angêdalakên kadibyanipun daya-daya tumuntên dipun sumêrêpana dhatêng tamunipun, dipun kintên tamunipun namung tiyang sêmbarangan kados para cantrikipun ingkang sami ngadhêp sadaya wau, botên sumêrêp bilih tamunipun pancèn tiyang linangkung sadaya, wasana Kyai Ajar lajêng dhawuh dhatêng cèrèt, anglo tepas, kadhawuhan tumandang anggodhok wedang kados adat.

Adat ingkang sampun kalampahan, sabên Kyai Ajar dhawuh makatên wau, cèrèt, anglo tepas lajêng tumandang ing damêl, cèrèt malampah dhatêng sumur amêndhêt toya, anglo tepas lajêng adados latu, cèrèt lajêng tumumpang anglo, ngantos dumugi saumobipun, makatên sapitirutipun ngantos dumugi patehan sapirantosipun, sami sagêd tumandang mlampah piyambak, ananging sarêng badhe kangge nyêgah Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya, sadaya ingkang dipun dhawuhi wau sami botên wontên ingkang angèstokakên, sami ayon botên wontên ingkang purun tumandang kados sabênipun, amila anggèning badhe nyêgah wedang lajêng sami dipun rukti dening para cantrik-cantrikipun kemawon.

Sarêng kêmatipun Kyai Ajar sampun botên wontên dayanipun,

--- 2 : 30 ---

Kyai Ajar sawêg gadhah rumaos bilih tamunipun pancèn dede santri balaka kemawon, ananging têmtu tiyang linangkung ingkang anglugas raga amêmindha santri dhusun, wasana Kyai Ajar sakalangkung panalangsaning manahipun, dene sadangunipun ngantos kêkilapan dhatêng sakalihan ingkang nêmbe rawuh, mênggah anggèning Kyai Ajar gadhah patrap ingkang kados makatên wau sajatosipun namung kangge anjajagi manahipun tiyang, ewadene manawi ingkang dipun jajagi wau namung ukur tiyang limrah kemawon, ingkang kathah lajêng korup dhatêng pangabaranipun, sampun pintên-pintên atus tiyang ingkang sami ulap dening kataman pangabaranipun, wujudipun inggih kados ingkang sami katrêm wontên ing ngriki punika, satunggal kemawon dèrèng wontên ingkang gadhah kalangkungan kados priyantun sakalihan ingkang nêmbe rawuh, sarèhne Kyai Ajar sampun rumaos bilih kasagêdanipun cabar dening kadibyanipun priyantun sakalihan wau, sagêdipun namung ngaturakên pitêdah, bilih sakalihan sumêdya badhe puruhita, sami dipun aturi dhatêng padhepokanipun Kyai Ajar Sidalaku, ing dhukuh Pancak Tabanan, ing nagari Bali, punika satunggiling wiku ingkang sampun asoca bathara, inggih punika gurunipun Kyai Ajar Wirakôntha dene manawi sakalihan kaparêng tindak dhatêng dhukuh Tabanan, Kyai Ajar Wirakôntha ingkang badhe andhèrèkakên.

--- 2 : 31 ---

Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya, sanalika langkung kaduwunging manahipun, dene kabrananging panggalih ngantos sami amigarakên kalangkunganipun Kyai Ajar, ingkang sapunika sampun anglairakên panalangsaning manahipun, môngka anggèning sakalihan ambikak kêmatipun Kyai Ajar wau botên pisan-pisan badhe andadar kalangkunganipun Kyai Ajar, ananging namung badhe anyoba wêwarahipun pêksi dêrkuku ingkang sampun kamirêngakên, amila sakalihan lajêng rêsêp rumakêt têtêpanganipun dhatêng Kyai Ajar, saha tansah ngrêrapu panalangsanipun Kyai Ajar dhatêng sakalihan wau, wasana Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya punapadene Kyai Ajar Wirakôntha, lajêng sami botên wontên tabêt-tabêting panggalih, sadalu muput namung sami sarasehan punapa sapikangsalipun.

Kyai Ajar Wirakôntha anyariyosakên kawontênanipun Kyai Ajar Sidalaku, Kyai Ajar wau ingkang dipun prasudi botên namung kapandhitan kemawon, ananging anyakup dhatêng sadaya kawruh lair batos, Kyai Ajar rêmên sangêt dhatêng Wedha-Wedha ingkang nyariyosakên lêlampahanipun para luhur jaman kina, amila pèngêtan wau sami kasêrat wontên ing kropak ngantos pintên-pintên atus kathahipun, ingkang sapunika taksih wêtah dados pasimpênanipun Kyai Ajar, ananging para priyantun ing kilèn ngriki botên wontên ingkang gatosakên [ga...]

--- 2 : 32 ---

[...tosakên] utawi rêmên dhatêng kawontênaning pèngêtan wau, amargi saking sami botên sagêd, dening cariyos wau sami kasêrat ing sastra Bali, têmbungipun taksih Jawi Kina.

Mas Rôngga Pajanganom sakalangkung kayungyun ing panggalihipun mirêngakên cariyosipun Kyai Ajar Wirakôntha wau, osiking panggalih daya-daya lajêng sagêda tumuntên sowan dhatêng Kyai Ajar Sidalaku, sarta botên kasupèn ngaturakên panuwunipun dhatêng Kyai Ajar Wirakôntha, dene suka pitêdah ingkang sagêd anuju dhatêng panggalihipun Mas Rôngga Pajanganom, sarêng sampun bangun enjing, Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya, lajêng sami pamitan dhatêng Kyai Ajar kalihan badhe andumugèkakên lampah sêdyaning panggalih lajêng dhatêng padhepokanipun Kyai Ajar Sidalaku, Kyai Ajar Wirakôntha nyuwun badhe andhèrèkakên, ananging sakalihan botên sagêd amituruti pangèsthinipun Ajar Wirakôntha wau, amargi sakalihan botên namung satunggal kemawon ingkang dados tujuning panggalih, ananging taksih badhe mampir-mampir dhatêng ingkang dados panujuning panggalih, Kyai Ajar inggih namung anyumanggakakên, sasampuning bage-binage wilujêng, sanalika lajêng mangkat.

Gêntos ingkang kacariyosakên, anuju wanci enjing, Gusti Panêmbahan Buminata sawêg lêlênggahan akalihan Radèn Tumênggung Sastranagara, ingkang dados rêntênging panggalih angraosakên [angra...]

--- 2 : 33 ---

[...osakên] anggènipun Mas Rôngga Pajanganom wontên ing Kabupatèn Kadhiri, sarèhning sampun andungkap pitung wulan, ing mangke Radèn Tumênggung Sastranagara kadhawuhan mêthuk, supados tumuntên mantuk dhumatêng nagari Surakarta, aturipun Radèn Tumênggung Sastranagara, sêndika, ananging kajawi kaparêngipun Gusti Panêmbahan, punapa botên prayogi kasarantosakên sawatawis wulan malih, amargi saking pamawasing panggalihipun, ing wêgdal punika Mas Rôngga Pajanganom sawêg mungsêng anggèning pados puruhitan, ewadene manawi kaparêngipun Gusti Panêmbahan kêdah kadhawuhan mêthuk, inggih badhe kaèstokakên.

Kêncênging panggalihipun Gusti Panêmbahan, namung kêdah tumuntên dipun pêthuk, amargi manawi botên tumuntên dipun pêthuk, sagêt ugi lajêng kamidilêpên, mila kêparêngipun Gusti Panêmbahan wau, Radèn Tumênggung Sastranagara tumuntên kadhawuhan anglêksanani, Radèn Tumênggung Sastranagara aturipun sêndika badhe angèstokakên, sasampuning dumugi dhawuh pangandikanipun Gusti Panêmbahan, Radèn Tumênggung Sastranagara lajêng nyuwun pamit mundur.

Sarawuhipun ing dalêm, raosing panggalihipun tansah rangu-rangu, dening dèrèng wontên tujuning panggalih ingkang badhe kautus, wasana lajêng angêningakên cipta nyuwun cumadhong dhawuh dhatêng [dha...]

--- 2 : 34 ---

[...têng] Ingkang Amurbèng Gêsang, labaning wiku linangkung, sanalika lajêng angsal wêwênganing Pangeran, ambikak warananing panggalihipun Radèn Tumênggung Sastranagara, ingkang katingal wontên ing ngarsanipun namung ingkang rayi Mas Agustundha, kalih Ki Jasana, amila ingkang rayi kalih Ki Jasana, lajêng sami dipun timbali (Mas Agustundha punika ingkang rayi wuragil Radèn Tumênggung Sastranagara, putranipun Kyai Yasadipura sapisan, sarêng sampun diwasa lajêng dados abdi dalêm bupati jaksa nama Radèn Tumênggung Amongpraja, ananging wiwit mêdal kasuwun dados putranipun Radèn Tumênggung Sastranagara).

Mas Agustundha kalih Ki Jasana, sampun sowan wontên ngarsanipun Radèn Tumênggung Sastranagara, sasampuning rêrêm, lajêng dipun dhawuhi manawi badhe kautus dhumatêng ing Kadhiri, mêthuk ingkang putra Mas Rôngga Pajanganom, aturipun ingkang putra sandika, sarta dipun paringi piwêling, saking ing Surakarta sampun anjujug ing Kabupatèn Kadhiri, kadhawuhan têrus dhumatêng ing Surabaya kemawon, amargi ingkang putra Mas Rôngga Pajanganom sapunika taksih wontên sakiwa têngênipun kitha Surabaya, supados sampun ngantos dados lampah, langkung prayogi kadhawuhan angêntosi wontên ing Giri, punika mangke dangu-dangunipun kalih dintên sampun sagêd kapanggih ingkang putra, satêlasing dhawuh pangandikanipun Radèn Tumênggung Sastranagara, pasundhulanipun ingkang putra Mas Agustundha lajêng dipun timbul ingkang rama [ra...]

--- 2 : 35 ---

[...ma] ngantos rambah kaping tiga, dene ingkang dados sarananing margi kadhawuhan bêkta Ki Jasana, sasampunipun winêling-wêling lajêng sami kadhawuhan mangkat, ingkang rama anjampangi dumugi sajawining regol.

Lampahipun Mas Agustundha kalih Ki Jasana, wontên ing margi botên kacariyos, enggalipun sampun dumugi ing kitha Surabaya, wontên kitha Surabaya namung rêrêm sawatawis jam dangunipun, amung prêlu kangge angasokakên badan kemawon, sarta pancènipun taksih sagêd kacêkap saupami kalajêngakên dhumatêng ing Giri, mila sarêng anggèning ngaso sampun dumugi lajêng kalajêngakên dhumatêng ing Giri, sadumuginipun ing Giri Mas Agustundha kalih Ki Jasana lajêng sami pados pangason.

Kacariyos lampahipun Mas Rôngga Pajanganom, tuwin Ki Tanujaya, sawangsulipun saking dhukuh Ragajampi dêrênging panggalih lajêng badhe têrus sowan Kyai Ajar Sidalaku ing dhepok Tabanan nagari Bali, ananging raosing panggalih têka rangu-rangu kados wontên ingkang dipun raosakên, amila kêncênging panggalih kêdah wangsul rumiyin dhatêng Surabaya malih, sadumuginipun ing Surabaya panggalihipun saya sangêt pangungsêtipun anggèning ngudi dhatêng kawursitaning sarira, paguron ing pundi kemawon prasasat sampun sami dipun dhatêngi sadaya, sarêng lampahipun sampun atêpung gêlang, èsthining panggalih lajêng badhe [ba...]

--- 2 : 36 ---

[...dhe] jiyarah dhumatêng ing pasareyan Giri, sawangsulipun saking Giri lajêng badhe têrus sowan Kyai Ajar Sidalaku ing dhukuh Tabanan nagari Bali.

Sarêng rêmbagipun sampun kênthêl, Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya, lajêng sami bidhal dhumatêng ing pasareyan Giri, kados punapa kemawon kagèting panggalihipun Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya, sarêng lampahipun sampun dumugi ing Giri, mak gabrus, kapanggih ingkang rama Mas Agustundha kalih Ki Jasana, amila sakalihan lajêng sami arêrangkulan gulèt kados kupu tarung, sarêng sampun dumugi anggènipun sami rêrangkulan, sadaya lajêng ngaso dhatêng sacêlaking pasarean.

Mas Rôngga Pajanganom, sadèrèngipun nyuwun sêsêrêpan dhumatêng Mas Agustundha, raosing panggalih tansah amolak-malik botên sagêd sumèlèh, malah lajêng anuwuhakên gagasan warni-warni, sakathahing gagasan wau satunggal kemawon prasasat botên wontên ingkang adamêl sakecaning panggalih, apês-apêsipun, angudaraos, punapa Gusti Panêmbahan utawi ingkang êmbah salah satunggal wontên ingkang gêrah, tuwin ing dalêm punapa wontên prêlu sangêt ingkang saliranipun kêdah mantuk, sarêng anggèning ngaso sampun sami rêrêm, lajêng nyuwun pawartos dhatêng ingkang rama, saha dhatêng Ki Jasana, mênggah anggèning kapanggih wontên ing Giri punika, punapa

--- 2 : 37 ---

lêlana saking karsanipun piyambak, punapa kautus amadosi. Mas Agustundha lajêng amratelakakên punapa kawontênanipun anggèning kautus ingkang rama, saha Gusti Panêmbahan, tuwin maringakên pangèstunipun Gusti Panêmbahan sakalihan ingkang rama, Mas Agustundha lajêng cariyos, sadangunipun ingkang putra wontên ing Kadhiri dumugi sapunika, Gusti Panêmbahan sabên-sabên tansah andangu dhumatêng ingkang rama, kawilujênganipun ingkang putra Mas Rôngga Pajanganom sakalihan ingkang garwa radèn ayu.

Sarêng Mas Rôngga Pajanganom sampun amidhangêtakên sadaya pangandikanipun ingkang rama Mas Agustundha, saha mirêngakên aturipun Ki Jasana, raosing panggalihipun ragi ayêm sawatawis, dene angsal kabar kasugênganipun Gusti Panêmbahan, saha kasugênganipun ingkang êmbah, ingkang rama tuwin ingkang ibu, punapadene kabar kawilujênganipun ingkang rama rama alit sadaya, sarêng sampun dumugi, Mas Rôngga Pajanganom, ing batos lajêng nalôngsa dhatêng ingkang amurbèng gêsang, benjing punapa sagêdipun tumuntên wangsul dhatêng Surakarta, pancènipun inggih sampun kagungan panggalih badhe tumuntên wangsul dhatêng Surakarta wau, ananging sarêng rumaos dèrèng kacêkap prêlunipun, dados raosing panggalih lajêng sarèh, ewadene sasagêd-sagêd, sawangsulipun saking Bali kemawon dipun èsthi sangêt sagêdipun [sa...]

--- 2 : 38 ---

[...gêdipun] wangsul dhatêng Surakarta, sarêng sampun botên wontên ingkang karêmbag malih, sadaya lajêng andumugèkakên anggèning badhe jiyarah dhatêng ing pasarean, sarampunging prêlu lajêng sami mêdal angupados palêrêman, saking dayaning sayah saha arip, wontên ing palêrêman sami sagêd tilêm sakeca, sarêng enjing lajêng sami bidhal mangkat dhumatêng ing Bali, wontên ing margi botên kacariyos, enggalipun sampun sami dumugi parêdèn Tabanan sacêlaking padhukuhanipun Kyai Ajar Sidalaku.

Ing Padhukuhan Tabanan punika dados dongènganipun tanah Bali ingkang sisih kidul, sampun kalêbêt tanah parêdèn, ingkang taksih rame sitinipun lêmpung abrit, minggah-minggah lajêng lêmpung kawoworan pasir, mêrginipun menggak-menggok manut rataning siti, manawi môngsa rêndhêng mêrginipun lunyu sangêt, saya minggah sitinipun mawi anglumut, labêt kayoman ing wit-witan ingkang agêng-agêng, saking lunyunipun, manawi kangge langkung asring andhawahakên, pasitèn Pancak Tabanan punika botên namung rêndhêng kemawon têlêsing sitinipun, sanadyan katiga ugi katingal têlês-têlês, kabêkta saking pasitèn ngompol, tuwin taksih kathah sangêt kêkajêngan ingkang agêng-agêng, mila dhatêng sêsawangan inggih botên sagêd bablas, malah wujudipun taksih sawêrni kados wana agêng.

Lampahipun Mas Rôngga Pajanganom tuwin Mas Agustundha, sapanunggilanipun, [sapa...]

--- 2 : 39 ---

[...nunggilanipun,] sanadyan katingal rêkaos, nanging sami sênêng-sênêng manahipun, dene sumêrêp jajahan ingkang salaminipun gêsang sawêg nêmbe ngambah punika, langkung malih Mas Rôngga Pajanganom, saking agênging pangajêng-ajêng ngantos botên angraosakên sayah sakêdhik-kêdhika, ing batos namung daya-daya tumuntên sagêd kapanggikapanggih. dhatêng Kyai Ajar Sidalaku, mila ngantos lampahipun botên angwontênakên pringga bayaning margi.

Botên antawis dangu padhepokanipun Kyai Ajar Sidalaku saking katêbihan sampun katingal, angrêmbêl, saya dangu saya katingal cêtha, sarêng dumugi sawetaning padhepokan, kintên-kintên kantun lampahan saonjotan, wontên sêndhang pasiraman, ananging pasiramanipun sintên, sadaya sami botên angsal katrangan, sêndhang wau binatur sela mawi kaukir-ukir ingkang sakalangkung awig panggarapipun, sakiwa têngêning sêndhang wontên griyanipun alit-alit kalih ingkang kadamêl inggih saking sela sadaya, panggarapipun ugi mawi kaukir-ukir kados panggaraping sêndhang wau, manawi kasawang-sawang saplak candhining bôngsa luhur jaman kina, Mas Rôngga Pajanganom sarencangipun lajêng sami adus, toyanipun dhatêng badan raosipun asrêp, langkung malih anggèning adus pancèn sampun lungse wanci, mila saking asrêpipun sadaya ngantos sami anarêthêk wel-welan.

Sarêng sampun rampung anggèning adus, badanipun lajêng karaos [karao...]

--- 2 : 40 ---

[...s] sêgêr sumyah, sayahipun ical sadaya, saking sakecanipun, ngatos sami botên gadhah rumaos manawi mêntas lumampah têbih, ing wêgdal wau wancinipun sampun pêtêng arêpêt-rêpêt, Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun lajêng sami minggah ing padhepokan.

Ungêling cênggèrètnong ingkang sami mencok ing kêkajêngan, enthanipunesthanipun (dan di tempat lain). kados suka pêpèngêt dhatêng Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun, sampun rêmbên-rêmbên tindakipun, Kyai Ajar sampun angajêng-ajêng. Ungêling gangsir ngênthir, kumaruwuk adamêl rêsiking pamirêngan, esthanipun kados panguwuhing cantrik angenggalakên tindakipun, ibêring konang pating karêlip alêliwêran, esthanipun kados asuka darmadamar. pêpadhanging margi, anggèning sami minggah dhatêng ing padhepokan.

Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun, sampun sami dumugi ing padhepokan, Kyai Ajar Sidalaku angancarani, dhatêng tamunipun sakawan pisan, sami kapurih lumêbêt ing griya tuwin lajêng sami dipun papanakên palinggihanipun dalah pamanggènipun, ingkang dipun ancarani rumiyin Mas Agustundha, kalinggihakên wontên jarambahing griya ingkang nginggil, wontên wetan majêng mangilèn, Mas Rôngga Pajanganom kalinggihakên wontên sawingkingipun Mas Agustundha, Ki Jasana tuwin Ki Tanujaya, sami kapurih linggih wontên wingkingipun Kyai Ajar Sidalaku,

--- 2 : 41 ---

wontên kilèn majêng mangetan, sasampunipun sami kabagèkakên, Kyai Ajar lajêng dhawuh dhatêng para cantrikipun, kadhawuhan angêdalakên pisêgah.

Pisêgahipun Kyai Ajar towak sapinggan mêlêp, dipun lambari ing dhulang kajêng, ingkang kangge ngombe bumbung alit-alit, sawarni kados wadhah jangkrik, namanipun dhasar, sami dipun dhèrèk sakiwa têngêning pinggan, ingkang dipun angge cidhuk canthing alit ugi saking bumbung, namanipun jêlani, sarêng sampun lumados, Kyai Ajar angacarani sami dipun aturi ngunjuk, dhawuhipun lowung kangge jampi ngêlak, sarêng sampun dipun ombe, sadaya sami kadangu, ingkang kasêgahakên punika manawi tanah kilenan namanipun punapa. Mas Rôngga Pajanganom ingkang matur, paringipun pisêgah Kyai AjaAjar. punika manawi tanah kilenan dipun wastani: arak arèn, toyaning teresan arèn, Kyai Ajar lajêng gumujêng kalihan ngêndika, manawi tanah ngriki namanipun tuwak, kajêngipun tuwaking agêsang, Mas Rôngga Pajanganom angluhurakên dhawuh pangandikanipun Kyai Ajar, tiyang agêsang punika prêlu angupadosa tuwak ingkang santosa, supados jêjêg adêging gêsangipun. Dhawuhipun Kyai Ajar namung tigang kêcap, ingkang prêlu kêkah punika, sarta Kyai Ajar lajêng ngandika, manawi kagungan têkên luyung kalih iji, ingkang satunggal kadamêl agêng, ingkang satunggal kadamêl alit, wontênipun [wo...]

--- 2 : 42 ---

[...ntênipun] kadamêl agêng alit, luyungipun warni kalih, ingkang satunggal sampun sêpuh, ingkang satunggal taksih ênèm, mila ingkang taksih ênèm punika kadamêl agêng ingkang sampun sêpuh punika kadamêl alit, sanadyan ingkang ênèm punika wujudipun agêng, ananging ing têmbe kanggenipun awèt ingkang alit, têkên luyung wau lajêng kaparingakên dhatêng Mas Rôngga Pajanganom, saha dipun paringi pangandika ingkang agêng punika kaparingakên Mas Agustundha, ingkang alit kaparingakên Mas Rôngga Pajanganom.

Kyai Ajar kèndêl sakêdhap, lajêng dhawuh dhatêng cantrikipun, kadhawuhan ngêdalakên pisêgahipun sêkul ulam sawontênipun, kangge pacagaking lêlênggahan, botên dangu cantrik angêdalakên sêkul ulam, tumpêng satunggal, dipun wadhahi dhulang, ulamipun ranjapan sadhulang, janganipun kaluwih sapinggan bênthang, sarêng sampun lumados, sêkul saulamipun lajêng dipun bage dening Kyai Ajar, pambagenipun sawarni kados ambage kêndhurèn, uncêting tumpêng kapêndhêt rumiyin, dipun paringakên Mas Agustundha, dipun dèkèki ulam sapêpakipun, sarêng sampun makatên, tumpêngipun lajêng dipun oncèki, dipun icali kulitipun, lajêng kapara sêkawan, ingkang satunggal Mas Rôngga Pajanganom, ingkang satunggal Kyai Ajar piyambak, ingkang satunggal kaparingakên Ki Tanujaya tuwin Ki Jasana, ingkang [ing...]

--- 2 : 43 ---

[...kang] satunggal taksih dipun ngèngèhakên, kadèkèk wontên sawingkingipun Kyai Ajar, dados wontên sangajêngipun Ki Tanujaya lêrês.

Pangêduming sêkul Kyai Ajar sampun rampung sadaya, lajêng sami dipun acarani nêdha, punapa kabêkta saking luwe, dene sadaya botên wontên ingkang pakèwêd, panêdhanipun katingal sami rahap-rahap, malah Kyai Ajar inggih katingal cekoh andêmênakakên manah, pamêndhêting jangan cidhak-cidhuk kados kawontênanipun tiyang limrah kemawon, ingkang dèrèng lêbêt sêsêrêpanipun, pancèn anggumunakên, dene sampun jumênêng wiku samukawis ingkang katêdha taksih lugu anjayèng ragan (cênthini), ananging manawi ingkang sampun tandhês sêsêrêpanipun dhatêng raos, malah adamêl kandêling piyandêlipun, amargi umumipun para tiyang ingkang sami sowan mariku, manawi Kyai Ajar kaparêng dhahar samukawis ingkang dipun sêgahakên, langkung malih bilih pandhaharipun katingal kathah, punika amracihnani bilih ingkang sami sowan Kyai Ajar wau nama taksih tinêngga ing kabêgjan, utawi badhe kadumugèn ingkang dados sêdyanipun, punapa malih, mobah polahipun Kyai Ajar tuwin wêdaling pangandikanipun, punika dados pasêmonipun ingkang sami sowan wontên ing ngriku sadaya, sarèhning sêkul ulam ingkang sami katêdha wau nama sampun dipun panci, manawi tiyang [ti...]

--- 2 : 44 ---

[...yang] ingkang nêdha wau kalêbêt momot, sêkul pandumanipun Kyai Ajar samantên wau sawêg dhawah cêkapan, manawi tiyang ingkang cicik, satêmênipun sanadyan sagêd têlas inggih sampun angaya, ewadene panêdhanipun tiyang gangsal kalêbêt Kyai Ajar sami sagêd têlas sadaya, ingkang ragi anggumunakên punika ingkang tumrap Ki Jasana tuwin Ki Tanujaya, paringipun sêkul Kyai Ajar namung sapalihing bagiyanipun Bagus Burham, ewadene tuwuking padharanipun rumaos sampun kêbak sangêt, paribasan ngantos dipun ênêt-ênêt, ing môngka tiyang kalih wau manawi sampun purun nêdha pancèn wêwicalanipun tiyang drêmba sadaya.

Sasampuning rampung anggèning sami nêdha, wadhahing sêkul ulam lajêng sami kaundurakên sadaya, namung sêkul sabagean ingkang dipun adhêpakên dening Ki Tanujaya, malah lajêng kasukakakên babar pisan, sarta mawi dipun paringi pangandika, sêkul ulam punika pancèn sampun lêrêsipun dados gadhahanipun Ki Tanujaya, lowung kangge wadhangan, lajêng kapurih ambuntêl.

Saking cariyosipun tiyang ingkang sampun mangrêtos dhatêng pralampitanipun Kyai Ajar wau anggèning nêgêsi makatên. Nalika Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun dumugi padhepokanipun Kyai Ajar, ingkang dipun acarani lumêbêt rumiyin sarta ingkang lajêng kalinggihakên wontên ing ngajêng piyambak [piyamba...]

--- 2 : 45 ---

[...k] Mas Agustundha, punika pasêmon bilih ing têmbe linggihipun Mas Agustundha badhe wontên sangajêngipun Mas Rôngga Pajanganom, (sarêng sampun sami yuswa tigang dasa gangsal taun, Mas Agustundha saking mantri kadipatèn lajêng kadadosakên panèwu jaksa pangadilan dalêm pradata agêng, lajêng minggah malih dados abdi dalêm kaliwon jaksa, sarêng yuswa kawan dasa taun lajêng dados abdi dalêm bupati jaksa pangadilan dalêm pradata agêng, kapatêdhan nama Radèn Tumênggung Amongpraja), Mas Rôngga Pajanganom, sarêng yuswa salangkung taun lajêng dados abdi dalêm mantri carik kadipatèn anom, nama Mas Ngabèi Sarataka, sarêng yuswa tigang dasa taun, lajêng dados abdi dalêm panèwu carik, anggêntosi ingkang rama Mas Ngabèi Rônggawarsita kaping II, nama nunggak sêmi Radèn Ngabèi Rônggawarsita kaping III, sarêng yuswa tigang dasa gangsal taun, lajêng dados abdi dalêm kaliwon kadipatèn anom, kapatêdhan nama saha sêsêbutan, Radèn Ngabèi Rônggawarsita).

Pisêgahipun Kyai Ajar towak, sapinggan mêlêp, punika pasêmon tuwin pralampitanipun Kyai Ajar dhatêng tamunipun sadaya wau, kajêngipun adêging gêsang punika sasagêd-sagêd angupadosa cagak tuwak ingkang santosa, supados sagêd jêjêg adêging gêsangipun, manawi sampun kacêpêng sêdyanipun, sampun ngantos anggadhahi supe manahipun, ingkang limrahipun [limrahi...]

--- 2 : 46 ---

[...pun] tiyang kathah dipun wastani mêndêm, supados lêstari sapanginggilipun.

Paringipun têkên luyung kalih iji, ingkang agêng luyungipun ênèm, kaparingakên Mas Agustundha, ingkang alit luyungipun sêpuh, kaparingakên dhatêng Mas Rôngga Pajanganom, wasitanipun Kyai Ajar, têkên wau ingkang agêng kalihan ingkang alit, kanggenipun awèt ingkang alit, punika pralampita tuwin pasêmonipun Kyai Ajar dhatêng Mas Agustundha tuwin dhatêng Mas Rôngga Pajanganom. Manawi Mas Agustundha punika ing têmbe badhe dados priyantun agêng bôngsa luhur, ananging yuswanipun botên panjang, Mas Rôngga Pajanganom, sanadyan ing têmbe ugi dados priyantun agêng, nanging taksih kawon luhur kalihan Mas Agustundha, ananging yuswanipun langkung panjang Mas Rôngga Pajanganom, tinimbang kalihan yuswanipun Mas Agustundha, (sarêng Mas Agustundha tuwin Mas Rôngga Pajanganom, sampun sami kalampahan dados bôngsa luhur, Mas Agustundha, Radèn Tumênggung Amongpraja, yuswanipun 42 taun, lajêng seda, jalaran gêrah bêntèr saha cêkoh namung sawatawis dintên dangunipun, Mas Rôngga Pajanganom), Radèn Ngabèi Rônggawarsita yuswanipun 74 taun, jalaran gêrah cêkoh dangunipun tigang dintên).

Paringipun sêkul uncêt kakupêng ing ulam, dhatêng Mas Agustundha, punika pasêmonipun Kyai Ajar, bilih ing têmbe Mas [Ma...]

--- 2 : 47 ---

[...s] Agustundha badhe landhêp panggalihipun, sarta badhe sagêd ambabadi ruwêd rêntênging manahipun tiyang, sarta badhe dipun luluti tuwin dados gêgununganipun para sanak sadhèrèk.

Sêkul tumpêng sasampuning kulitipun dipun icali lajêng kasigar têngah lêrês, sigaran tumpêng wau lajêng kapalih malih, ugi têngah lêrês, ingkang satunggal kaparingakên dhatêng Mas Rôngga Pajanganom, ingkang satunggal dhatêng Kyai Ajar piyambak, punika pasêmonipun Kyai Ajar dhatêng Mas Rôngga Pajanganom, manawi sapunika kawidigdan tuwin kaninditanipun Mas Rôngga Pajanganom, sampun wiwit katingal, sarta sampun rumasuk dhatêng têlênging panggalih sampun botên pae kalihan Kyai Ajar, saupami tinraju kados sampun botên silir, sarta sampun sagêd anyakup dhatêng sadaya kasagêdan.

Sêkul tumpêng ingkang sapara wolon lêrês, ingkang kaparingakên dhatêng Ki Tanujaya, tuwin dhatêng Ki Jasana punika pasêmonipun Kyai Ajar dhatêng tiyang kalih wau, bilih Ki Tanujaya tuwin Ki Jasana wau kalêbêt wêwicalanipun tiyang wicaksana, sarta kalêbêt tiyang sugih kagunan, sagêd manjing ajur-ajèr, ananging kasagêdanipun dèrèng anyarambahi, dados dèrèng sagêd anyamèni dhatêng Mas Rôngga Pajanganom tuwin dhatêng Kyai Ajar.

Sêkul tumpêng saprapat, ingkang kasèlèhakên wontên sangajêngipun Ki Tanujaya, ingkang lajêng kaparingakên pisan, sarta

--- 2 : 48 ---

mawi dipun sabdani dening Kyai Ajar lowung kangge wayon, punika pasêmonipun Kyai Ajar dhatêng Ki Tanujaya, bilih ing têmbe Ki Tanujaya badhe kawahyon gadhah turun ingkang sagêd angêmpali dhatêng darahing karaton, dene anggèning kawahyon tuwin kabêgjan wau pancèn sampun dados pandumanipun Ki Tanujaya piyambak, ananging tumimbulipun taksih gangsal turunan, dados taksih kabuntêl kados wujuding sêkul paringipun Kyai Ajar wau, sarta turunipun Ki Tanujaya ing wingking salamèn-lamènipun botên badhe sagêd pisah kalihan Mas Rôngga Pajanganom.

Pasêmonipun Kyai Ajar Sidalaku dhatêng Ki Tanujaya, gangsal turunan badhe sagêd angêmpali darahing karaton, tuwin turunipun ing wingking salamèn-lamènipun botên sagêd pisah kalihan Mas Rôngga Pajanganom, punika cocog kalihan kawontênanipun, mênggah têrangipun kados pratelan ing ngandhap punika.

Ki Tanujaya, anak-anak Ki Tanukrama, abdi dalêm jajar ngawin kadipatèn.

Ki Tanukrama wau anak-anak, bokmas Jayawacana, angsal Radèn Jayawacana, jajar kabayan kadipatèn, kalêrês wayahipun Radèn Tumênggung Sastranagara, anakipun Radèn Ngabèi Purwawikrama.

--- 2 : 49 ---

Dene Mas Jayawacana wau anak-anak Radèn Ngantèn Sewadilaga, garwanipun Radèn Mas Panji Sewadilaga, santana dalêm panji buyut.

Radèn Ngantèn Sewadilaga wau lajêng anak-anak 3:

1. Radèn Rênggarukmi, 2. Radèn Ayu Purwadirja, 3. Radèn Purwatanaya.

Dene Radèn Rênggarukmi wau pêputra 2: 1. Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma. 2. Radèn Ayu Pangeran Cakradiningrat.

Kyai Ajar Sidalaku tuwin tamunipun sadaya, sadalu muput botên wontên ingkang sami tilêm, ingkang kaginêm namung bab parluning agêsang tuwin sanès-sanèsipun ingkang sakintên murakabi, wêgdal samantên Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun sadaya, ngantos botên gadhah kajêng, amargi sadaya karêntêging manah ingkang badhe kasuwunakên sêsêrêpan dhatêng Kyai Ajar, dèrèng ngantos kawêdalakên sampun karumiyinan dhawuhipun Kyai Ajar ingkang cocog kados karêntêging manahipun Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun sadaya wau, dhawuhipun wau botên [bo...]

--- 2 : 50 ---

[...tên] namung kangge pralampita utawi pasêmon kemawon, ananging kadhawuhakên pangandika kalayan wêwentehan, paribasan sadaya wau sami botên angsal papan, ing batos namung sami angalêmbana.

Sarêng sampun jam kalih dalu, utawi wancinipun sirêp tiyang, Mas Rôngga Pajanganom dipun ajak Kyai Ajar mêdal dhatêng ing latar, Kyai Ajar tuwin Mas Rôngga Pajanganom, lajêng sami lêlênggahan wontên sangandhaping wit dhuku ingkang adatipun kangge lêlênggahan Kyai Ajar, Kyai Ajar lajêng angandika dhumatêng Mas Rôngga Pajanganom, anggènipun dipun ajak mêdal dhumatêng ing latar punika sampun gadhah pangajêng-ajêng bilih badhe dipun paringi ngèlmu kasunyatan, ngèlmu kadibyan, ngèlmu kanuragan sasaminipun, pamanggihipun Kyai Ajar Mas Rôngga Pajanganom punika saupami sabin sampun kêbak isi tanêman, ingkang gêsanging tanêman sakalangkung subur, manawi dipun wêwahi tanêman malih ingkang namung nunggil warni kemawon, tumrap Mas Rôngga Pajanganom, sampun sakêdhik paedahipun, namung wontên pêpêthingan ingkang salamènipun botên nate kaparingakên dhatêng sintên-sintên, inggih punika ingkang dipun wastani ngèlmu pangawasaning panggalih, punika pantês dados cêcêpênganipun Mas Rôngga Pajanganom, sanalika punika Mas Rôngga Pajanganom lajêng dipun wêjang ngèlmu pamawasaning panggalih, dhawuhipun Kyai Ajar ngèlmu wau manawi dipun wawas,

--- 2 : 51 ---

sagêd sumêrêp sadèrèngipun winarah, sarta sagêd sumêrêp dhatêng kawontênan ingkang dèrèng tumimbul, sarampunging pamêjangipun Kyai Ajar, Mas Rôngga Pajanganom lajêng dipun paringi pangandika, balihbilih. ing têmbe Mas Rôngga Pajanganom, badhe dados pangangsoning kagunan tuwin kaninditan, ingkang limrahipun sami dipun wastani pandhitaning praja.

Kyai Ajar lajêng andumugèkakên pangandika, kala rumiyin inggih anglampahi dados pandhitaning praja, kados ingkang badhe dipun lampahi Mas Rôngga Pajanganom wau, sanadyan sapunika sariranipun sampun atêtruka wontên ing parêdèn, ewadene inggih taksih dipun lêluri sarta dipun aosi dening ingkang angabdèkakên, malah manawi wontên ruwêd rêntênging praja Kyai Ajar botên kenging kantun, taksih tumut angêmbat.

Kyai Ajar lajêng anyariyosakên gadhah sêrat-sêrat Jawi kina, ingkang kasêrat wontên ing kropak, tuwin kasêrat wontên ing dalancang kajêng, ingkang kaanggit para êmpu ing jaman kina, inggih punika Sêrat Ramadewa, Sêrat Bimasuci, Sêrat Bratayuda, Sêrat Darmasarana, tuwin Sêrat Aji Pamasa sapanunggilanipun, punika ingkang eklasing panggalih badhe kaparingakên dhatêng Mas Rôngga Pajanganom sadaya, ananging sarèhning têmbungipun Jawi kina taksih awarni-warni, kabêkta ingkang nganggit botên [bo...]

--- 2 : 52 ---

[...tên] namung satunggal, sarta sêrat-sêrat wau taksih sami karêngga ing sêkar agêng, ananging Kyai Ajar anêmtokakên, bilih Mas Rôngga Pajanganom badhe botên kewran anjawèkakên sadaya sêrat-sêrat wau. Ingkang lajêng umum dados wêwaosanipun para tiyang kathah.

Wondene manawi ing têmbe Mas Rôngga Pajanganom sampun ingganggêp pandhita dening tiyang kathah, manawi wontên pandangunipun para luhur, utawi pitakènipun para pawong mitra, punapa ingkang kadangokakên, utawi punapa ingkang dipun pitakèkakên, wangsulanipun kêdah ingkang pratitis, botên kenging sawarni pados-pados, utawi sampun pisan-pisan anjalomprongakên, manawi wontên ingkang andangu utawi pitakèn, bab têmbung kawi, bab kasusastran, bab petangan, bab pawukon, bab cakrawarti, bab palak, bab kawontênaning môngsa kala, bab jôngka, bab kawontênaning jaman, bab rajah-rajah, bab sajarah, tuwin bab agami, kêdah sagêd amangsuli sami sanalika ingkang pratitis, sampun ngantos alihan amadosi wêwaton utawi ambikak sêrat-sêrat, manawi taksih amadosi wêwaton, utawi taksih ambikak sêrat-sêrat, punika dèrèng kenging sinêbut pandhita.

Kyai Ajar anglajêngakên wêwarahipun dhatêng Mas Rôngga Pajanganom, [Pajanga...]

--- 2 : 53 ---

[...nom,] prayogi anganggea piwulangipun Kyai Agêng Ngabdurahman ing Sela, dhatêng para putra wayahipun, kagungan karsa para turasipun sami kadhawuhan, sampun kêndhat anglampahi tapa brata, sami andhêdhêra kasaenan, ingkang andhap asor, ingkang purun ngawon dhatêng basa sakêcap, sampun rêmên amirêngakên dhatêng wicantên lalawora, sampun pisan-pisan angebahakên utawi adamêl rumaosing manahipun tiyang tuwin ingkang ajrih asih dhatêng ratu gustinipun.

Mas Rôngga Pajanganom sampun botên kêkirangan pamilutanipun dhatêng Kyai Ajar Sidalaku, ingkang supados tansah lumintu lumuntur sih katrêsnanipun Kyai Ajar dhatêng sariranipun, sakalih-kalihipun nama sami kalêrêsan, Kyai Ajar Sidalaku rumaos kalêgan panggalihipun, dene salaminipun dèrèng nate dipun puruhitani kados Mas Rôngga Pajanganom wau, saking sadaya piwulangipun sagêd katampèn kalihan gambêlanging panggalih. Mas Rôngga Pajanganom rumaos angsal kabêgjan ingkang agêng sangêt, dening sagêd anampèni piwulang saking Kyai Ajar ingkang sakalangkung murakabi dhatêng sariranipun, amila Mas Rôngga Pajanganom saya sakalangkung ajrih asihipun dhatêng Kyai Ajar, paribasan, sanadyan dipun pêjahana botên pisan-pisan badhe suminggah, makatên ugi Kyai Ajar Sidalaku, katrêsnanipun dhatêng Mas Rôngga Pajanganom, saking ing agêngipun [a...]

--- 2 : 54 ---

[...gêngipun] ngantos tanpa pêpindhan, dados botên anggumunakên bilih bêbundhêlaning panggalihipun Kyai Ajar ingkang parlu-parlu sarta ingkang agêng sangêt aosipun, tuwin ingkang wados-wados, ingkang salaminipun sugêng dèrèng nate kabrèbèl dhatêng para murid-muridipun, punika lajêng katumplak dhatêng Mas Rôngga Pajanganom sadaya.

Mas Rôngga Pajanganom saupami jêne angsal sêsangling ingkang sakalangkung sae garapanipun, amila padhanging panggalih ngantos amrabani dhatêng soroting pasuryan, lajêng katingal mancorong kados padhanging purnamasidhi.

Wasitanipun Kyai Ajar dhatêng Mas Rôngga Pajanganom, kagalih sampun anyêkapi, sakalihan lajêng sami lumêbêt ing pacrabakan, Mas Agustundha sarta Ki Tanujaya punapadene Ki Jasana, katiga pisan taksih sami linggih anjêgrêg, sêsambènipun, sarêng sumêrêp bilih Kyai Ajar tuwin Mas Rôngga Pajanganom sami lumêbêt ing pacrabakan, tiyang tiga lajêng angewahi anggèning linggih.

Wêkdal wau sampun wanci bangun enjing, swaraning sawung kaluruk awurahan, kaluruking sata wana pating cakikèr adamêl asrining pamirêngan, ocèhing pêksi sikatan pating carêngkling, kados suka sasmita dhatêng tiyang ingkang srêgêp dhatêng pandamêlan, supados tumuntêna wiwit nyambut damêl, amargi sampun wancining tiyang [ti...]

--- 2 : 55 ---

[...yang] nyambut damêl, soroting Sang Hyang Bagaskara amarbabak abrit, kados prabaning rêdi katunu, para cantrik ingkang sampun sami tangi sadaya, lajêng tumandang ing damêl punapa pandamêlanipun piyambak-piyambak, wontên ingkang rêrêsik pacrabakan, wontên ingkang nyapu pakarangan, wontên ingkang nyirami sêsêkaran.

Sarêng sampun rêpêt-rêpêt, kados antawisipun wanci jam satêngah nêm enjing, Kyai Ajar Sidalaku lajêng mêdal saking pacrabakan, kadhèrèkakên Mas Agustundha, Mas Rôngga Pajanganom, Ki Tanujaya tuwin Ki Jasana, angubêngi capurining padhepokan, sinambi gêginêman ingkang adamêl sênênging manahipun para tamu.

Para cantrik ingkang sami sawêg nyambut damêl, sadaya sami katingal sênêng manahipun, panyambutipun damêl sami mêmpêng-mêmpêng ngatingalakên kawêkêlaning manahipun, ingkang lèrèging pangajêng-ajêng namung dhatêng pangalêmbana, ingkang sami anggulawênthah têtanêman, pandhangir tuwin pangupakaranipun sêsêkaran sapanunggilanipun, katinggal tumêmên kados angupakara gadhahanipun piyambak, ingkang sami anyirami sêkaran tuwin tanêman ingkang kêdah dipun sirami ing wanci enjing, anggènipun anyirami sami satiti angati-ati, supados botên adamêl risaking sêsêkaran ingkang sawêg nêdhêng-nêdhêngipun sami sêkar.

--- 2 : 56 ---

Pakaranganipun Kyai Ajar Sidalaku wiyar angilak-ilak, pasitènipun abrit anyêkar tlasih, ing nginggil kaurug ing wêdhi lêmbat, pagêring capuri sela cêmêng kaentha banon sarimbag, ananging agêngipun tikêl sakawan kalihan agênging banom,banon. pamasangipun rapêt, botên wontên ingkang anggaronggong, regolipun agêng anjênggarang sawarni griya kalênthèng, ugi saking sela cêmêng, sakiwa têngêning regol, wontên candhinipun tiyang Buda kalih iji, sami ngadêg angrangkul gada, sakiwa têngêning candhi wontên uwitipun nagasari kalih uwit, ingkang gêsangipun amènginakên, turut pinggiring pakarangan katanêman kalapa gadhing pintên-pintên dasa kathahipun, uwohipun katingal ambiyêt garing-garing, sangajênging pacrabakan dipun damêl patamanan, sêsêkaranipun kalêbêt èdi-èdi, adamêl kasêngsêming manahipun tiyang ingkang sami aningali, wujuding sêkaripun awarni-warni, wontên ingkang wungu anjangês, wontên ingkang abrit ambaranang, wontên ingkang abrit ênèm, wontên ingkang pêthak amêmplak, wontên ingkang jêne, tuwin wontên ingkang kapurônta, sangandhaping sêkar-sêkaran wau pasitènipun têtanêman rumputan kapagêran ing sela balèbèkan ingkang inggiling sela namung sadêdêging parumputan, panataning sêsêkaran kalêbêt awig, pananêmipun kasêlang-sêling, manawi dipun tingali saking katêbihan, sawarni kados sêkar sataman, [sa...]

--- 2 : 57 ---

[...taman,] sêkar-sêkar ingkang sampun sami wigar, utawi ingkang sampun sami gogrog saking gagangipun, sami ambalasah dhawah ing parumputan, manawi dipun sawang kados kasur baludru ijêm, ingkang dipun sêbari sêkar môncawarni.

Salêbêting pakarangan tanêmanipun woh-wohan kalêbêt kathah, sakathahing woh-wohan wontên sadaya, raosipun sami eca-eca, wontên ingkang lêgi arum, wontên ingkang lêgi tumêg, ugi wontên ingkang lêgi tuntung kêcut, woh-wohan samantên wau wontên ingkang sawêg pradapa, wontên ingkang sawêg sêkar, ugi wontên ingkang sawêg anuju awoh, racak-racak, uwohipun sami andados, katingal ambiyêt, kados sêmpal-sêmpala, gandaning kuwèni tuwin gandaning durèn ingkang sampun matêng uwit, mulêg anggadag, angêbaki salêbêting pakarangan, ingkang kawical doyan dhatêng woh-wohan, kala mênjingipun tansah lerag-lèrèg, nyut, Ki Tanujaya lajêng kèngêtan lêlampahanipun nalika wontên ing dhusun Ngadiluwih, padhepokanipun Kyai Ajar Wirakôntha, sanalika wau Kyai Ajar Sidalaku botên kêkilapan dhatêng karêntêging manahipun Ki Tanujaya, amila Ki Tanujaya lajêng dipun pangandikani dening Kyai Ajar, tiyang ingkang taksih rêmên angungasakên kadibyanipun kados Kyai Ajar Wirakôntha ing Ngadiluwih, punika angantawisi dèrèng inggil [ing...]

--- 2 : 58 ---

[...gil] sêsêrêpanipun, mila prayogi ingkang sami èngêt, sampun pisan-pisan rêmên angatingalakên dhatêng kadibyan, inggih manawi sawêg jinurung, manawi wontên ingkang angasorakên kadibyanipun, uwohipun namung tiwas angisin-isini, tiyang punika sanadyan sagêda mabur dhatêng awang-awang, prayogi ingkang adhêdhasar kèndêl, ananging manawi wontên pôncabaya utawi baya pakèwêd, punapadene wontên parlunipun ingkang prêmati, punika sawêg sêdhêngipun angatingalakên kadibyan, sarta ingkang sagêd amungkasi ing damêl, dados botên anguciwani, utawi botên amadal sumbi.

Mas Rôngga Pajanganom tuwin Ki Tanujaya, sarêng mirêng pangandikanipun Kyai Ajar Sidalaku ingkang makatên wau, pitadosing panggalih saya sakalangkung kandêl, sarta sami anêmênakên bilih Kyai Ajar Sidalaku wau pancèn satunggiling pandhita ingkang panggalihipun sakalangkung sidik, sumêrêp sadèrèngipun winarah, tuwin sumêrêp dhatêng karêntêging manahipun tiyang.

Sarêng Kyai Ajar sampun kêmput anggèning angubêngi salêbêting pakarangan, lajêng lumêbêt dhatêng ing pacrabakan, Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun sadaya, botên pisah wontên sawingkingipun Kyai Ajar kemawon, sadumugining pacrabakan sadaya lajêng sami linggih satata, sakathahing sêrat ingkang sampun kasagahakên dhatêng Mas Rôngga Pajanganom, sampun cumêpak [cumê...]

--- 2 : 59 ---

[...pak] wontên sacêlaking palênggahanipun Kyai Ajar.

Kyai Ajar Sidalaku lajêng amasrahakên sêrat-sêrat wau dhatêng Mas Rôngga Pajanganom, sasampuning dipun tampèni dening Mas Rôngga Pajanganom, Kyai Ajar lajêng aparing dhawuh dhatêng Mas Rôngga Pajanganom, bilih sêrat wau ingkang satunggal buku wontên tuladha pêthikan sastra buda ing jaman kina, saking pintên-pintên nagari, sanadyan sapunika sampun botên kalampah, ananging botên wontên awonipun mangrêtos dhatêng sastra buda wau bokmanawi ing wingking wontên ingkang ambêtahakên, utawi wontên ingkang pitakèn, botên amangsulakên, pêthikan sastra buda wau lajêng kapêndhêt dening Kyai Ajar, sarta lajêng kawaos wontên sangajêngipun Mas Rôngga Pajanganom, sarampunging pamaosipun, lajêng kaparingakên dhatêng Mas Rôngga Pajanganom, kadhawuhan anyumêrêpi, sarta lajêng kadhawuhan maos gêntos, sêrat wau ugi lajêng kawaos akalihan Mas Rôngga Pajanganom, pamaosipun tamban nanging cêtha, Kyai Ajar sajak botên gumun anyumêrêpi Mas Rôngga Pajanganom sagêd maos sastra buda wau, sarampunging pamaosipun Kyai Ajar namung ngêndika: sampun lêrês sadaya.

Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun, wontên ing Bali namung nyipêng sadasa dintên, sadasa dalu, salêbêtipun sadasa dintên sadasa dalu namung sarasehan kawruh warni-warni, Kyai Ajar

--- 2 : 60 ---

botên kêmba anggèning mêlêg piwulang dhatêng Mas Rôngga Pajanganom, kacariyos sarêng sampun angsal sadasa dalu, Mas Rôngga Pajanganom lajêng nyuwun pamit dhatêng Kyai Ajar, badhe wangsul dhatêng nagari Surakarta, ananging mawi mampir rumiyin dhumatêng ing kitha Kadhiri, parlu angampiri dhumatêng ingkang garwa ingkang katilar wontên ing kitha Kadhiri, amargi anggèning katilar lêlana laminipun sampun tigang wulan, Kyai Ajar namung amangsuli prayogi, ananging sarèhning môngsa pajar surya, dipun parayogèkakên mangkat mangke dalon-dalon kemawon, Kyai Ajar sagah angêtêrakên sapikangsalipun.

Enggaling cariyos, sarêng sampun dalu, kados antawisipun jam sanga langkung sakedhik, Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun, lajêng sami kadhawuhan mangkat, Kyai Ajar anêtêpi pangandikanipun, angêtêrakên sapikangsalipun, wêgdal wau dipun pèngêti dening Mas Rôngga Pajanganom, amarêngi tanggal kaping 16 wulan Jumadilakir ing taun Ehe 1748, sinangkalan (ngèsthi dadi pandhitaning ratu).Sengkalan: ngèsthi dadi pandhitaning ratu (16 Jumadilakir 1748 A.J., 21 Maret 1821 A.D.).

Lampahipun Kyai Ajar kadhèrèkakên Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun, Ki Tanujaya akalihan Ki Jasana, tiyang kalih sami anggendhong buku, manawi dipun sawang kados lampahing santri ingkang mêntas apuruhita saking pondhok, ing wêgdal wau wêdaling rêmbulan sampun ragi inggil, lampahipun [lampahipu...]

--- 2 : 61 ---

[...n] sampun dumugi ing wana Tabanan, salêbêting wana botên wontên sabawaning walang salisik, namung mirêng swaraning angkop pating karêlèk, kados swaraning kuthuk amadosi babonipun, sarêng lampahipun dumugi margi ingkang sawatawis mandhap, Kyai Ajar lajêng kèndêl, katingal kados ambudi badhe sakecaning lampah, botên sawatawis dangu Kyai Ajar lajêng angulur-ulur dhadhung saking kuliting rami, dhadhung wau saking pundi angsalipun, Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun sami botên sumêrêp, sarêng sampun kêmput panguluring dhadhungipun, Kyai Ajar lajêng andika, sarèhning punika marginipun mandhap, sarta sami anglumut, Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun, sami dipun dhawuhi anyêpêngi dhadhung wau ingkang kêncêng, kadhawuhan lumampah urut kacang, Kyai Ajar ingkang gêntos wontên wingking, kalihan ngasta pungkasaning dhadhung ingkang sami dipun cêpêngi dening Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun wau, dhawuhipun Kyai Ajar lajêng sami dipun èstokakên, sarêng lampahipun antawis angsal kawan dasa tindak, Kyai Ajar Sidalaku lajêng anyuwara sora kados anggêtak pêksi, Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun sami kagèt aguragapan, anyarêngi kagèting manahipun tiyang sakawan wau, dhadhung ingkang sami dipun cêpêngi wau kraos kados dipun sêndhal, wasana tiyang sakawan lajêng sami kaplèsèt dhawah, dhawahipun atumpuk undhung dados [dado...]

--- 2 : 62 ---

[...s] satunggal, wêgdal dhawahipun tiyang sakawan wau sami rumaos kados tiyang amlêng ical akal budinipun, sarêng sampun sami èngêt, sadaya sami anyêbut, astaga, kadospunapa kemawon kagèt pangunguning manahipun, dene Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun, sumêrêp-sumêrêp sampun dumugi wontên palataran kabupatèn kitha Kadhiri, kalêrêsan ing wêgdal wau Radèn Ayu Rôngga Pajanganom sawêg lêlangên gula-ganthi kalihan para abdi-abdi wontên ing palataran sawetan dalêm, abdi ingkang jagi ing bangsal ngajêngan botên pangling dhatêng Mas Rôngga Pajanganom, tuwin dhatêng Ki Tanujaya, amila lajêng gita-gita angaturi uninga dhumatêng Radèn Ayu Rôngga Pajanganom, bilih ingkang raka Mas Rôngga Pajanganom sampun rawuh, kalihan kadhèrèkakên Ki Tanujaya, mawi dipun dhèrèkakên tamu kalih, ingkang satunggal taksih ênèm, ingkang satunggal sampun sêpuh, sanalika ingkang sami gula-ganthi lajêng bibar, Radèn Ayu Rôngga Pajanganom lajêng enggal-enggal amêthukakên ingkang raka, sarêng sampun tundhuk, ingkang raka lajêng kakanthi kabêkta lumêbêt dhumatêng ing gadri wetan, swaraning para abdi gumuruh sami sêsarêngan alok bilih Mas Rôngga Pajanganom sampun rawuh, saking rame swaraning para abdi-abdi wau ngantos kapirêng Kangjêng Pangeran Adipati Cakradiningrat sakalihan ingkang ing wêgdal wau sawêg lêlênggahan wontên ing gadri [ga...]

--- 2 : 63 ---

[...dri] kilèn, sarta sawêg angraosi anggèning lêlana ingkang putra mantu dumugi dintên punika têtêp tigang wulan, amila Kangjêng Pangeran Adipati sakalihan lajêng sami têdhak dhumatêng ing gadri wetan, aparing pambagyarja dhumatêng ingkang sawêg rawuh, Mas Rôngga Pajanganom lajêng angabêkti dhumatêng ingkang rama marasêpuh sakalihan, Radèn Ayu Rôngga Pajanganom lajêng dipun dhawuhi ingkang rama ngabêktia dhumatêng ingkang garwa Mas Rôngga Pajanganom.

Sasampuning sami lênggah satata, Mas Rôngga Pajanganom lajêng angaturakên lêlampahanipun anggèning lêlana kalayan lêlancaran, sarta angaturi uninga, bilih ingkang rama Mas Agustundha tuwin Ki Jasana, kautus ingkang êmbah tuwin kautus gusti panêmbahan, amêthuk Mas Rôngga Pajanganom, punapa saparlunipun sampun kaaturakên sadaya, sapunika Mas Agustundha tuwin Ki Jasana, taksih sami angêntosi wontên ing jawi, Kangjêng Pangeran Adipati lajêng dhawuh dhumatêng abdi jalêr, Mas Agustundha sarencangipun, kadhawuhan mapanakên wontên ing gêdhong tamu sawetaning pandhapi, sanalika lajêng kairit kapapanakên dhatêng ing gêdhong tamu, sarta lajêng kaparingan wedang panganan sapirantosipun, dèrèng sapintêna dangunipun kalihan rawuhipun Mas Rôngga Pajanganom wau, lajêng mirêng swaraning jam agêng sawêg jam sadasa lêrês, amila Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun [sarowangipu...]

--- 2 : 64 ---

[...n] sadaya taksih gadhah rumaos kados tiyang supêna, dene saking ing Bali dumugi ing kitha Kadhiri, namung dipun lampahi kirang langkung namung satêngah jam, mênggah ingkang makatên wau kabêkta saking kadibyanipun Kyai Ajar Sidalaku ingkang pantês pinundhi-pundhi salamènipun.

Kangjêng Pangeran Adipati sakalihan ingkang garwa, punapa dene Radèn Ayu Rôngga Pajanganom, sakesahipun Mas Rôngga Pajanganom saking kitha Kadhiri, salêbêtipun tigang wulan, kaupamèkakên tarulata amarêngi môngsa katiga ngêrak, taru-taru ingkang nêmbe sumêmi, sami alum angalêntrèh dening kataman daya bêntèring Sang Hyang Bagaskara, lata-lata ingkang nêmbe sumulur, sami purêt alum saking daya bêntèring siti pêpindhanipun kados angganing manungsa ingkang kataman anandhang roga, têmahan saranduning angga anggagra kusika, sarêng sadhatêngipun Mas Rôngga Pajanganom, ing mangke pêpindhanipun, tumuruning jawah ingkang sakalangkung dêrês, andadosakên sêgêring taru-taru, dados ijo riyu-riyu, lata-lata ingkang sampun alum ical kêkuwataning sumulur, lajêng sagêd pulih kêkuwatanipun, utawi kaupamèkakên dhatênging usada ingkang prêmati, têmahan ingkang anandhang roga sanalika lajêng nirmala waluya jati.

Botên antawis dangu pangruktining dhahar sampun rampung, abdi ingkang kapatah dados tukang dhahar nyuwun cumadhong dhawuh, panataning

--- 2 : 65 ---

dhahar wontên ing pundi, kangjêng pangeran adipati aparing dhawuh kaparêng dhahar sêsarêngan kalihan Mas Rôngga Pajanganom tuwin Mas Agustundha, sarampunging panatanipun dhahar sadaya lajêng sami dhahar sêsarêngan, salêbêtipun dhahar Kangjêng Pangeran Adipati Cakradiningrat sakalihan ingkang garwa, sakêdhap-sakêdhap tansah amariksani ingkang putra mantu Mas Rôngga Pajanganom, amargi sakalangkung pangunguning panggalih dening soroting pasuryanipun ingkang putra mantu beda sangêt kalihan nalika dèrèng lêlana, kala rumiyin namung limrah saukuring anaking priyayi kemawon, sapunika katingal sumilak wêning, amancorong kados prabaning purnamasidhi, Kangjêng Pangeran Adipati sampun angintên, bilih ingkang putra mantu sampun anampèni palaling Pangeran, sagêd anggayuh punapa ingkang dados pangèsthining panggalih, ing batos Kangjêng Pangeran Adipati amêmuji sokur ing Allah, mugi-mugi ingkang putra mantu sagêda widada sapanginggilipun, sampun wontên sambekalanipun, makatên ugi Mas Rôngga Pajanganom, sampun botên kêkilapan dhatêng osiking panggalihipun ingkang rama marasêpuh, amila ing batos amêmuji, mugi-mugi ingkang rama marasêpuh dinirgakna ing yuswanipun, Gusti Allah aparinga rahmad ingkang agêng. Kamulyaning dunya mugi linanggêngna dhumatêng putra wayah.

Sarêng sampun rampung anggèning sami dhahar, lajêng bibaran, Mas Rôngga [Rông...]

--- 2 : 66 ---

[...ga] Pajanganom sakalihan ingkang garwa, kadhawuhan ngaso Mas Agustundha lajêng kadhawuhan wangsul dhumatêng ing gêdhong tamu malih, Ki Tanujaya tuwin Ki Jasana sasampuning ngaturakên bêbêktaning sangunipun tuwin buku-buku angsal-angsalipun saking Bali, lajêng sami kaparingan nêdha, sarampunging nêdha lajêng ngaso nunggil Mas Agustundha wontên ing gêdhong tamu, sadaya ingkang mêntas andon lêlana lajêng sami ngaso, sadaya wau malah lajêng sidhêm pramanêm botên wontên utawi botên kamirêngan sabawaning tiyang gêginêman.

Sarêng sampun wanci awaling subuh, Mas Rôngga Pajanganom sampun wungu lajêng mlampah-mlampah wontên salêbêting capuri kabupatèn, swaraning sawung kaluruk asêsauran tanpa kèndêl, suka pitêdah bilih ing wêgdal wau sampun wanci bangun enjing, enthanipunesthanipun. kados anggugah dhatêng para umating Allah ingkang sami taksih tilêm, kapurih sami tangi, lajêng rumaganga ing damêl punapa mêsthènipun, ungêling pêksi putêr tamban pating talêdhok, adamêl asrining pakarangan, ungêling cingcing goling, pating carêngkling, kados swaraning gêndèr pathêt sanga, prabaning Hyang Aruna amrababak abrit, kados sirunging pasuryan ingkang nawung dêduka.

Dèrèng sapintêna dangunipun, lajêng kapirêng swaraning cinggot pating galêrit, tendhatôndha. para abdi jalêr èstri sampun kathah ingkang sami tangi, para abdi jalêr ingkang jagi wontên ing pandhapi, [pa...]

--- 2 : 67 ---

[...ndhapi,] tuwin ingkang tilêm wontên ing bangsal pasowanan, sampun sami tangi sadaya, lajêng anggulungi patilemanipun, sarampungipun anggèning agulungianggulungi. lajêng mantuk dhatêng griyanipun piyambak-piyambak, para abdi ingkang gadhah pandamêlan wontên salêbêting kabupatèn, lajêng sami anandangi pandamêlanipun piyambak-piyambak, wontên ingkang angisèni jamban, wontên ingkang rêrêsik, wontên ingkang mlêtêr anyaponi palataran, wontên ingkang anyrêbèti kursi meja sapanunggilanipun, ingkang sami gadhah kawajiban anggodhog wedang, sampun sami acêthik latu, wêgdal wau sampun angajêngakên wanci jam satêngah nêm enjing, Mas Rôngga Pajanganom lajêng wangsul lumêbêt ing gadri, ingkang garwa sampun wungu sarta sampun dipun sêrati dening abdinipun ingkang dados tukang nyêrati.

Abdi tukang wedang, lajêng angladosakên wedang pangunjukanipun Radèn Ayu Rôngga Pajanganom sakalihan ingkang raka, katungka dhatêngipun abdi tukang dhaharan, angladosakên dhaharan ingkang kadhahar ing wanci enjing, Mas Agustundha akalihan Ki Tanujaya, lajêng dipun aturi utawi dipun timbali Radèn Ayu Rôngga dhumatêng ing gadri wetan, sarêng sampun sami dhatêng, lajêng dipun aturi ngunjuk wedang tuwin dhahar sarapan sawontênipun, Ki Tanujaya tuwin Ki Jasana, lajêng dipun tatakakên panganan sapêpakipun, salêbêtipun sami ngunjuk wedang, Radèn [Ra...]

--- 2 : 68 ---

[...dèn] Ayu Rôngga angaturakên wilujêng dhumatêng ingkang rama Mas Agustundha, sarta amaringi wilujêng dhumatêng Ki Tanujaya, Ki Jasana, ingkang rama Mas Agustundha tuwin Ki Tanujaya, Ki Jasana, sami angaturakên panuwun, Radèn Ayu Rôngga nyuwun kabar, kadospundi kawontênanipun ing Buminatan, ing Sastranagaran punapa sami wilujêng, aturipun Mas Agustundha, sapêngkêripun kala samantên, sadaya sami wilujêng, botên wontên satunggal punapa, Mas Agustundha lajêng andumugèkakên pangandika, dhumatêng Radèn Ayu Pajanganom, bilih sariranipun kautus Gusti Panêmbahan saha ingkang rama Radèn TumêngguTumênggung. Sastranagara, manawi Mas Rôngga Pajanganom sakalihan, sami dipun timbali kondur dhumatêng ing nagari Surakarta, dhawuhipun Gusti Panêmbahan, sariranipun sampun sakalangkung onêng dhumatêng Mas Rôngga Pajanganom sakalihan, kajawi punika, badhe wontên pangandikanipun Gusti Panêmbahan ingkang sakalangkung wigatos dhumatêng ingkang putra Mas Rôngga Pajanganom, amila Mas Agustundha lajêng kadhawuhan anjujug wontên ing Kabupatèn Kadhiri kemawon, ananging dhawuhipun ingkang rama Radèn Tumênggung Sastranagara, manawi anjujug wontên ing kitha Kadhiri têmtu botên sagêd kapanggih kalihan Mas Rôngga Pajanganom, amargi wêgdal punika Mas Rôngga Pajanganom sawêg ngupados puruwitanpuruhitan (dan di tempat lain). ingkang sagêd cocog kalihan manahipun, sagêdipun lajêng kapanggih, [ka...]

--- 2 : 69 ---

[...panggih,] Mas Agustundha kadhawuhan anjujug wontên ing astana Giri Kadhaton, dhawuhipun Radèn Tumênggung Sastranagara wau ugi lajêng kaèstokakên, sarêng dumugi ing astana Giri Kadhaton, lajêng sagêd pinanggih sayêktos, wasana Mas Agustundha lajêng dipun ajak andumugèkakên lampah ngantos dumugi ing kitha Bali.

Aturipun Radèn Ayu Rôngga, pancènipun anggèning wontên ing kitha Kadhiri namung dipun angkah dangu-dangunipun kawan dasa dintên, nanging sarèhning ingkang raka Mas Rôngga Pajanganom badhe andumugèkakên pados puruwitan sapikangsalipun, dados Radèn Ayu Rôngga kapêksa nyarantosakên sarawuhipun ingkang raka Mas Rôngga Pajanganom, dumadakan anggèning kesah pados puruwitan ingkang raka têka ngantos tigang wulan sawêg rawuh, sadangunipun Radèn Ayu Rôngga wontên ing kitha Kadhiri, kadospunapa onênging panggalihipun dhumatêng ingkang rama Gusti Panêmbahan, prasasat botên wontên pêpindhanipun, ananging kadospundi sagêdipun kondur dhatêng Surakarta, amargi Mas Rôngga Pajanganom dèrèng rawuh, saupami kesahipun ingkang raka wau kantênan ingkang dipun jujug, Radèn Ayu Rôngga Pajanganom pancèn badhe nusul, kajawi dipun ajak kondur dhatêng Surakarta, ing batos ragi ngandhut kuwatos, sarèhning dèrèng paham jajahan tanah wetan, manawi bingung, adat wêwatêkanipun [wêwa...]

--- 2 : 70 ---

[...têkanipun] tiyang tanah wetan, gampil anggèning nêmu kuwuk, tujonipun dèrèng ngantos dipun susul sampun lajêng mantuk piyambak.

Mas Rôngga Pajanganom anyambêti kalihan mèsêm, manawi lêrêsipun utawi petanganipun, pancèn dintên kalawingi dèrèng sagêd dumugi kitha Kadhiri, apês-apêsipun taksih sawulan malih, dumadakan lajêng wontên parimarmaning Pangeran dhumatêng Mas Rôngga Pajanganom sarowangipun sadaya, ingkang sagêd angenggalakên dumugi kitha Kadhiri dintên kala wingi, satêlasing pangandikanipun Mas Rôngga Pajanganom, Mas Agustundha, Ki Tanujaya, Ki Jasana, kados sami sasmita gumujêng sêsarêngan. Amargi saking sami angraosakên kaelokaning Pangeran ingkang sami dipun lampahi.

Mas Rôngga Pajanganom anglajêngakên pangandikanipun dhatêng ingkang garwa bab kaelokan ingkang mêntas dipun lampahi kalawingi sontên, wiwit mangkat saking Bali ngantos dumuginipun ing Kabupatèn Kadhiri kalawau dalu, ingkang garwa sakalangkung pangunguning galihipun, sarta lajêng angalêmbana dhatêng kadibyanipun Kyai Ajar Sidalaku, dèrèng ngantos dumugi anggèning sami wawan pangandika, lajêng katungka rawuhipun Kangjêng Pangeran Adipati Cakradiningrat, sarta lajêng kaparêng lênggah lesehan anunggil sagêlaran kalihan ingkang putra tuwin ingkang sami sawêg lêlênggahan, [lê...]

--- 2 : 71 ---

[...lênggahan,] dene sadaya ingkang sawêg lêlênggahan wau lajêng sami satata amarikêlu.

Sanadyan Kangjêng Pangeran Adipati sampun rawuh sampun ngantos pakèwêd, dipun sakecakna kados kalawau, ewadene sadaya mêksa taksih sami ajrih, wasana lajêng andangu, punika wau sami angrêmbag punapa, dene kamirêngakên ngantos gêr-gêran, kados tiyang ningali wayang, pantêsipun ingkang damêl lêlucon Ki Tanujaya.

Mas Rôngga Pajanganom lajêng matur, bab lêlampahanipun kalawau dalu, punapa kawontênanipun dipun aturakên sadaya, Kangjêng Pangeran Adipati sakalangkung ngungun, ngantos kawiyos pangandikanipun, kapengin badhe têpang kalihan Kyai Ajar Sidalaku, sarta lajêng ngudaraos, jêmbar-jêmbaring jagad, têka taksih wontên tiyang ingkang gadhah kalangkungan kados kadibyanipun tiyang jaman kina, Ki Tanujaya lajêng matur, dhawuhipun Kangjêng Pangeran Adipati wau pancèn kaluhuran, sarta Ki Tanujaya pancèn sampun nêksèni piyambak, nganggêp dhatêng kalangkunganipun Kyai Ajar Sidalaku, pancèn satunggiling pandhita ingkang asoca bathara, kadibyanipun angidap-idapakên, punapa ingkang dipun pangandikakakên sadaya nyata, ananging manawi katimbangakên kalihan kadibyanipun para luhur sawêg nama ngirib-irib, Kangjêng Pangeran Adipati [Adi...]

--- 2 : 72 ---

[...pati] kados dèrèng kasupèn, kalangkunganipun saha kadibyanipun Radèn Tumênggung Kêrtanagara, abdi dalêm Bupati Kadipatèn, ingkang umum asma Kartanagarasêkti, kalasamantên sawêg pinuju caos, dene Kaliwon ingkang caos Radèn Ngabèi Yasadipura kaping II (Sastranagara) Ki Tanujaya inggih andhèrèk, dilalah salêbêting Karaton kalêbêtan duratmaka, manawi botên kasupèn, lêbêting duratmaka wanci jam 11 dalu, Radèn Tumênggung Kêrtanagara ngêndika kalihan Radèn Ngabèi Yasadipura, manawi salêbêting Karaton mangke badhe kalêbêtan duratmaka, dene ingkang dados duratmaka satriya dibya sêkti môndraguna sagêd manjing ajur-ajèr, Radèn Ngabèi Yasadipura kadhawuhan ngatos-atos, sarêng sampun wanci lêbêting duratmaka, Radèn Tumênggung Kêrtanagara, kalih Radèn Ngabèi Yasadipura lajêng sami malêbêt dhatêng kaputrèn, lêbêtipun prayagung kalih wau sami matak aji lêlimunan, sarêng sampun dumugi ing Kaputrèn, lajêng anjêjêp wontên panggenan ingkang badhe dipun jujug dening duratmaka, kala samantên ingkang dados duratmaka sampun botên kêkilapan salêbêtipun dhatêng ing kaputrèn manuksma kaleyanging godhong dhadhap ingkang kèli ing kalèn, prayagung kalih wau inggih botên kewran dhatêng gêgêlaring kadibyanipun sang duratmaka, enggalipun lajêng abôndayuda ngabên kasêktèn, sang duratmaka ingêbut kalih, nalika campuhipun sang duratmaka kalihan prayagung kalih wau, manawi dipun [di...]

--- 2 : 73 ---

[...pun] côndra kados pêrangipun Radèn Narayana kalihan Radèn Prêmadi nalika wontên ing kraton Kumbina, wêkasan ingkang dados duratmaka kapikut, makatên malih nalika Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun punika (kaping V) taksih jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, têdhak dhumatêng Samarang, kagungan karsa badhe mundhut wangsul tanah Jawi ingkang prajangjianipun namung dipun paosi, kala samantên namung kadhèrèkakên pangeran putra dalêm 2, bupati nayaka 2, kanthi Radèn Tumênggung Sastranagara, sadumuginipun Samarang, nalika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom badhe têdhak pêpanggihan kalihan tuwan jendral, sadèrèngipun têdhak, sarira dalêm sadaya dipun sidhikara kalihan Radèn Tumênggung Sastranagara, dumadakan sarampunging parlu pêpanggihan, kalampahan angsal damêl sayêktos, prajangjian lajêng kaaturakên wangsul, sarta Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom dipun aturi bujana wontên salêbêting kapal pêrang, ngiras amariksani punapa kawontênanipun kapal pêrang, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom inggih amituruti kaparêng têdhak, sarêng dumugi ing baita, tuwan jendral sakalangkung anggèning angurmati, botên sawatawis dangu lajêng lênggah dhahar, sabibaring dhahar kangjêng gusti lajêng amariksani salêbêting baita, sarêng anggèning mariksani dumugi ing ngêdhèg, kangjêng gusti angasta hèk kalihan anguk-anguk [anguk-angu...]

--- 2 : 74 ---

[...k] sagantèn, kangjêng gusti angagêm supe pusaka dalêm, kagêm ing panunggul ragi logro, wasana pusaka dalêm supe ingkang kagêm wau lajêng rêntah dhumatêng ing sagantên, panggalih dalêm sakalangkung kagèt, saking kagèting panggalih dalêm, kawiyos pangandika dalêm ingkang sora, ngantos kamirêngkapirêng. tuwan jendral, tuwan jendral lajêng nyuwun matur, punapa ingkang dhawah dhumatêng sagantên, kangjêng gusti amangsuli, agêm dalêm supe dhawah dhumatêng sagantên, tuwan jendral namung sadhakêp kalihan gêgêtun, wasana kangjêng gusti lajêng animbali dhumatêng Radèn Tumênggung Sastranagara, dipun paringi uninga bilih agêm dalêm supe kacêmplung ing sagantên, dhawuh dalêm, kadhawuhan amadosi, unjukipun sêndika.

Radèn Tumênggung Sastranagara kèndêl sakêdhap, angêningakên panggalih, sami sanalika agêm supe sampun kagêgêm ing asta têngên, lajêng kaunjukakên tuwan jendral sarêng uninga ngantos gèdhèg-gèdhèg.

Aturipun Ki Tanujaya, sadaya wau manawi sampun kagalih tandhês, sarta manawi sampun sagêd anunggilakên gêsang kita kalihan ingkang adamêl gêsang, ingkang dipun paribasakakên, roroning atunggal, utawi satu mungging rimbagan, punika punapa ciptanipun dados, ananging Tanujaya sagêdipun namung cariyos, manawi anglampahi botên sagêd.

--- 2 : 75 ---

Satêlasing aturipun Ki Tanujaya, Kangjêng Pangeran Adipati lajêng mèsêm kalihan ambalang srutu manila dhatêng Ki Tanujaya, pog, kenging dhadhanipun, cêg, katubruk lajêng dipun akêp, Ki Tanujaya lajêng angêdalakên thithikan, dèrèng ngantos kathithikakên, lajêng dipun paringi upêt dening Radèn Ayu Rôngga Pajanganom.

Kangjêng Pangeran Adipati lajêng andangu dhumatêng Ki Tanujaya, nalika ing nglêbêt karaton kalêbêtan durjana, Ki Tanujaya punapa sampun gadhah anak.

Aturipun Ki Tanujaya sampun gadhah anak satunggal, kintên-kintên umur 3 taun, môngka sapunika sampun umur 18 taun, dados lamènipun sapriki sampun 15 taun, Kangjêng Pangeran Adipati lajêng angèngêt-èngêt, wasana lajêng angandika, kados sampun lêrês, amargi kalasamantên sariranipun sampun dados santana dalêm Riya, taksih asma Radèn Mas Arya Puspadiningrat, malah sapêngkêripun wontên durjana sabên dalu lajêng kadhawuhakên tuguran, pangeran putra satunggal, pangeran santana satunggal, riya pandhapi satunggal, riya ngandhap sawo satunggal, santana panji cacah sakawan, ananging dipun pilihi ingkang sampun yuswa tigang dasa taun minggah. Dumugi samantên Radèn Ayu Rôngga Pajanganom, apêgat,

--- 2 : 76 ---

klimah matur dhumatêng ingkang rama, sarèhning anggènipun wontên ing kitha Kadhiri sampun antawisipun kawan wulan, sarta ingkang rama gusti Panêmbahan tuwin ingkang êmbah Radèn Tumênggung Sastranagara ngantos utusan nusul, amila manawi kaparêng dintên benjing enjing utawi dangon-dangonipun tigang dintên, ingkang garwa Mas Rôngga Pajanganom sakalihan ingkang salira, sami nyuwun pamit kondur dhumatêng nagari Surakarta.

Kangjêng Pangeran Adipati pancènipun taksih awrat amarêngakên, sarta taksih kangên kalihan Mas Rôngga Pajanganom, ananging sarèhning Mas Rôngga Pajanganom pancèn dipun bêtahakên dening ingkang rama Gusti Panêmbahan, amila panyuwunipun pamit ingkang putra wau Kangjêng Pangeran Adipati inggih sampun amarêngakên, ananging kadhawuhan anyarantosakên tigang dintên kemawon malih, amargi badhe dipun paringi angsal-angsalan sapantêsipun, punapadene sarèhning Radèn Ayu Rôngga katingal sampun ambobot, dhawuhipun ingkang rama benjing êmbèn wau kadhawuhan nitih tandhu kemawon, badhe kapilihakên tandhu ingkang cêkap kangge tiyang sakawan, dados saliranipun botên kontrag, makatên malih kala samantên kangjêng pangeran adipati dèrèng ngantos amaringi kancing ukêl dhumatêng ingkang putra, amargi Mas Rôngga Pajanganom kasêsa badhe anjajah dhatêng tanah wetan, sarèhning sapunika sampun dhatêng, [dha...]

--- 2 : 77 ---

[...têng,] amila paringipun kancing gêlung lajêng kaparingakên, wangkingan lajêng kaparingakên dhumatêng Mas Rôngga Pajanganom, dhawuhipun, wangkingan punika nama Kyai Abimanyu, pusaka saking ingkang eyang Radèn Tumênggung Puspadiningrat, kala rumiyin agêmipun ingkang eyang buyut Radèn Tumênggung Cakradiningrat (juragan Bali), sasampunipun wangkingan dipun tampèni, Mas Rôngga Pajanganom nyuwun lilah badhe uninga wilahipun, sarampungipun dipun pariksani wangkingan lajêng dipun agêm, Kangjêng Pangeran Adipati lajêng jumênêng badhe lênggah ing pandhapi, sadaya sami kadhawuhan andumugèkakên lêlênggahan.

Sarêng sampun dumugi tigang dintên, Mas Rôngga Pajanganom sakalihan ingkang garwa, saèstu badhe wangsul dhumatêng ing nagari Surakarta, sadèrèngipun Mas Rôngga nyuwun pamit dhumatêng Kangjêng Pangeran Adipati sakalihan, tandhu ingkang badhe dipun titihi Radèn Ayu Rôngga Pajanganom dalah ingkang badhe ngrêmbat, punapadene bau-bau ingkang badhe angrêmbat bêbêktanipun Radèn Rôngga Pajanganom sakalihan, sarta ingkang kapatah ngrêmbat angsal-angsal, sampun sami siyaga wontên ing ngajêngan, kapal-kapal sabêgondhalipun, ingkang badhe dipun titihi Mas Rôngga Pajanganom, Mas Agustundha sarta ingkang badhe dipun tumpaki Ki Tanujaya, Ki Jasana punapa dene ingkang badhe dipun tumpaki para Mantri Kadhiri ingkang kadhawuhan andhèrèkakên dumugi [du...]

--- 2 : 78 ---

[...mugi] Surakarta ugi sampun sami siyaga, botên sawatawis dangu kangjêng pangèran adipati sakalihan ingkang garwa, lajêng mêdal lênggah ing pandhapi, Mas Rôngga Pajanganom sakalihan, lajêng nyuwun pamit, sasampuning sami ngabêkti, lajêng kalilan bidhal, ingkang rama kangjêng pangeran adipati sakalihan, sami anguntapakên dumugi sangajênging kabupatèn.

Ingkang lumampah wontên ing ngajêng piyambak bau-bau ingkang sami angrêmbat pangagêman sarta bau ingkang sami angrêmbat angsal-angsal, antawis kalih dasa rêmbat, tuwin bau-bau andhungan ingkang anggêntosi ngrêmbat wontên ing margi, lajêng dipun tindhihi para mantri jagakarya, ing kabupatèn kalih iji, sami anumpak kapal, lajêng lampahing tandhu ingkang dipun titihi Radèn Ayu Rôngga Pajanganom, ingkang andhèrèk numpak tunggil satandhu Mas Rara Sarsiyêm, abdi êmban kalih iji, dipun rêmbat tiyang wolu, sawingkinging tandhu lajêng bau andhungan 16 iji, lajêng para Mantri jagakarya kabupatèn cacah 4 iji, sarta Ki Tanujaya tuwin Ki Jasana, ugi sami anumpak kapal, satêngêning tandhu Mas Agustundha, sakiwaning tandhu Mas Rôngga Pajanganom, inggih sami anumpak kapal, sawingkingipun para mantri jagakarya lajêng bau-bau ingkang sami angrêmbat barokoh isi têtêdhan ingkang kangge sudhiyan wontên ing margi, lampahipun gumarêdêg adamêl asrining radinan agêng, samêrgi-mêrgi dados têtingalaning [têti...]

--- 2 : 79 ---

[...ngalaning] akathah ingkang sami dèrèng sumêrêp, pangintênipun awarni-warni, wontên ingkang angintên para kangjêng bupati badhe sowan dhumatêng ing nagari Surakarta wontên ingkang amastani bôngsa luhur boyongan badhe apindhah dêdalêm.

Lampahipun Mas Rôngga Pajanganom sapandhèrèkipun sadaya wontên ing margi botên kacariyosakên, namung amêndhêt gancaring cariyos, manawi siyang andumugèkakên lumampah, manawi dalu anyipêng wontên ing kawadanan pundi ingkang sami kamêrgèn, wontên ing margi laminipun pitung dintên pitung dalu, lajêng dumugi ing nagari Surakarta, anjujug wontên ing dhusun Mondhokan, salèr wetanipun nagari, Ki Tanujaya kalih Ki Jasana, kadhawuhan angrumiyini angaturi uninga ingkang êmbah Radèn Tumênggung Sastranagara, sadumuginipun ing Sastranagaran, lajêng matur punapa kawontênanipun, andadosakên sukaning panggalihipun Radèn Tumênggung Sastranagara, wasana lajêng dhawuh sudhiya pisêgah sapantêsipun, dayaning prayagung luhur adamêl pisêgah tiyang atusan, botên ngantos kawan jam pangruktining sêkul ulam sampun sami matêng sadaya, sarêng sampun sontên, ingkang arêrêm wontên ing pamondhokan lajêng sami mangkat, wanci sêraping srêngenge sadaya sampun dumugi ing Sastranagaran, ingkang êmbah Radèn Tumênggung Sastranagara amapagakên dhatêng taritising pandhapi, ingkang wayah Radèn [Ra...]

--- 2 : 80 ---

[...dèn] Ayu Rôngga Pajanganom, sasampuning kaparingan wilujêng, lajêng kakanthi kalêbêtakên ing dalêm, ginarêbêg para pandhèrèk saha para putra santana Sastranagaran ingkang sami amêthuk dhatêng palataran, sadumugining dalêm lajêng sami lênggah sadaya, katungka lumadosipun pangunjukan wedang sarta lumadosipun dhaharan, tuwin lajêng dipun ladosi dhahar, ingkang pantês andhèrèk dhahar sami kadhawuhan dhahar sêsarêngan, sabibaring dhahar lajêng sami kalilan ngaso Mas Rôngga Pajanganom sakalihan ingkang garwa, lajêng sami ngaso dhumatêng ing gêdhong wetan, sadaya lajêng sami bibaran, sarta kaprênahakên wontên panggenan ingkang sampun kasudhiyakakên.

Sarêng enjingipun, Mas Rôngga Pajanganom sakalihan ingkang garwa, siyaga badhe sowan dhumatêng ing Buminatan, angsal-angsal ingkang kabêkta dhumatêng ing Buminatan, sampun kasudhiyakakên dalah ingkang ngrêmbat, sarêng sampun samêkta lajêng sami mangkat, sadumuginipun ing Buminatan, kalêrêsan ing wêgdal wau Gusti Panêmbahan sampun lênggah wontên ing jawi, sarêng uninga Mas Rôngga Pajanganom sakalihan ingkang garwa, sampun dhatêng sakalangkung sukaning panggalihipun, Gusti Panêmbahan ngantos kaparêng mêthuk dhumatêng ingkang putra lajêng kalêbêtakên ing dalêm, Radèn Ayu Rôngga Pajanganom lajêng dipun panggihi para priyantun ing Buminatan sadaya, ingkang pangrêngkuhipun sami [sa...]

--- 2 : 81 ---

[...mi] rêsêp rumakêt kados putranipun piyambak, sadaya angsal-angsal lajêng kapasrahakên dhumatêng priyantunipun Gusti Panêmbahan ingkang pinitados, ingkang dhumatêng para bibi-bibi lajêng sami kapasrahakên piyambak-piyambak, Gusti Panêmbahan lajêng wangsul lênggah wontên ing paringgitan ingkang iring wetan, kaadhep dening Mas Rôngga Pajanganom, Gusti Panêmbahan lajêng aparing wilujêng dhumatêng Mas Rôngga Pajanganom, sarta andangu dene ngantos dangu botên wangsul-wangsul dhatêng ing nagari Surakarta, Gusti Panêmbahan ngantos sakalangkung onêng, saking sakalangkung onênging panggalih, ngantos kalampahan Mas Agustundha kadhawuhan nusul dhatêng ing kitha Kadhiri, ananging wêkasanipun angalênthar, botên wangsul sarta botên wontên katranganipun, panggalihipun Gusti Panêmbahan ngantos judhêg.

Mas Rôngga Pajanganom lajêng ngaturakên punapa kawontênanipun, nalika dipun undhuh dhumatêng ing Kabupatèn Kadhiri, kawontênanipun pasamuwan dumugi sabibaripun, sarta wiwit anggènipun kesah ngupados puruwitan ngantos kapanggihipun kalihan ingkang rama Mas Agustundha wontên ing Giri Kadhaton, punapa dene wangsulipun anglajêngakên pados puruwitan dhatêng nagari Bali, tuwin lêlampahan kawontênanipun nalika wontên ing Bali ngantos dumuginipun wangsul dhumatêng ing Kabupatèn Kadhiri, sampun dipun aturakên sadaya botên wontên ingkang kalangkungan.

--- 2 : 82 ---

Nalika Gusti Panêmbahan amirêngakên aturipun Mas Rôngga Pajanganom ingkang sampun kaaturakên sadaya wau, panggalihipun sakalangkung rêna, anggèning amirêngakên botên cêkap namung sapisan kemawon, nanging manawi wontên ingkang nocogi kalihan panggalihipun, Mas Rôngga Pajanganom kadhawuhan mangsuli malih, langkung malih sarêng angunjukakên anggèning wontên ing kitha Bali, ngantos dumuginipun wangsul dhumatêng ing Kabupatèn Kadhiri, saupami dhahar makatên prasasat botên sagêd tuwuk, tandhanipun kêdhap-kêdhap andangu bab punika, sarêng sampun wanci dhahar, Gusti Panêmbahan lajêng lênggah dhahar, Mas Rôngga Pajanganom sakalihan ingkang garwa, sami kadhawuhan andhèrèk dhahar, salêbêting dhahar sênbeningsambening. pangandika, namung anggènipun Mas Rôngga Pajanganom nalika mangkat saking Bali dumuginipun ing Kabupatèn Kadhiri, para priyantun ingkang sami amirêngakên samingsami. gumujêng gêr-gêran, sadaya sami gumun, malah wontên ingkang kawêdal pangandikanipun, Kyai Ajar Sidalaku punika wêrnènipun kadospunapa, patutipun gadhah pasêmon wingit, kados pasêmoning bôngsa luhur, kuciwanipun panggenanipun têbih sangêt, saupami cêlaka pancèn kapengin badhe sowan.

Sarêng sampun rampung anggèning dhahar, Gusti Panêmbahan lajêng jumênêng wangsul lênggah ing jawi malih, Mas Rôngga Pajanganom andhèrèk lajêng satata ngadhêp malih, Radèn Ayu Rôngga Pajanganom [Pajangano...]

--- 2 : 83 ---

[...m] kadhawuhan anatakakên pasarean wontên ing kamar gadri wetan, supados lajêng ngaso.

Gusti Panêmbahan taksih andumugèkakên lênggah malih, ingkang kalilan ngadhêp namung Mas Rôngga Pajanganom piyambak, angandikakakên punapa kawontênanipun ing nagari Surakarta, salêbêtipun Mas Rôngga Pajanganom wontên ing kitha Kadhiri, salêbêtipun wawan pangandika, Gusti Panêmbahan angudaraos, dene solah bawanipun Mas Rôngga Pajanganom têka beda sangêt kala rumiyin kalihan sapunika, sanadyan kala rumiyin sampun kawical peranganipun tiyang sagêd, nanging botên kados sapunika, samukawisipun sampun angatawisi bilih badhe dados cêcalonaning tiyang linangkung, dalah soroting wadana sampun katingal padhang sumêblak kados pamanjêring purnamasidhi, amila Gusti Panêmbahan rumaos bingah dene kagungan kanthi ingkang sampun kenging pinasrahan angêmbat pakaryaning praja.

Wiwit punika Mas Rôngga Pajanganom lajêng anjrak wontên ing Buminatan, amargi kaparêngipun Gusti Panêmbahan, ingkang putra Radèn Ayu Rôngga Pajanganom, kadhawuhan wontên ing Buminatan, parlunipun kadhawuhan lêstantuna angawat-awati lêbêt wêdaling yatra ingkang katindakakên sabên dintên, ingkang kaping kalih Mas Rôngga Pajanganom sabên dintên sagêd wontên ngarsanipun Gusti Panêmbahan, dados manawi sawanci-wanci wontên parlunipun [parlu...]

--- 2 : 84 ---

[...nipun] Gusti Panêmbahan, sanalika sagêd kadhawuhakên, aturipun Mas Rôngga Pajanganom, sêndika. Sadangunipun Mas Rôngga Pajanganom anjrak wontên ing Buminatan, rintên dalu babar pisan botên sagêd ngaso, ewadene raosing panggalihipun namung sênêng, dene tansah winêlêg ing piwulang ingkang murakabi agêng dhumatêng sariranipun, ananging sasêlaning parlunipun Gusti Panêmbahan, utawi manawi Gusti Panêmbahan anuju sawêg sare, tuwin anuju têdhakan ingkang Mas Rôngga Pajanganom botên kadhawuhan andhèrèk, Mas Rôngga Pajanganaom lajêng amrêlokakên sowan ingkang êmbah Radèn Tumênggung Sastranagara, dene ingkang êmbah Radèn Tumênggung Sastranagara, anggèning paring piwulang dhumatêng Mas Rôngga Pajanganom, malah saya anglangkungi kalihan ingkang sampun.

Taksih anunggil salêbêting taun Jimawal 1749, kaparêngipun Gusti Panêmbahan, Mas Rôngga Pajanganom, kasuwunakên dados abdi dalêm mantri carik kadipatèn anom, ing wêgdal wau sampun anyarêngi kalihan môngsakalanipun gampil, sarêng sêrat sampun konjuk, botên ngantos pitung dintên, sampun wontên wiyosing nawala dalêm, anggènipun Mas Rôngga Pajanganom, kasuwunakên dados mantri carik, sampeyan dalêm sampun amarêngakên, kapatêdhan nama Mas Ngabèi Sarataka, saking bingahing panggalihipun Gusti Panêmbahan, sanalika [sana...]

--- 2 : 85 ---

[...lika] nawala dalêm wau lajêng kaparingakên dhumatêng Radèn Tumênggung Sastranagara, kadhawuhan anêtêpakên kados adat, Mas Rôngga Pajanganom lajêng kairit dhumatêng ing bangsal Marakata, lajêng kakêpyakakên, têtêpipun dados abdi dalêm Mantri Carik, sinangkalan angkaning warsa, têrus dadi pandhitaning ratu.Sengkalan: têrus dadi pandhitaning ratu (1749 A.J., 1821/22 A.D.).

Sasampuning têtêp dados abdi dalêm mantri carik, sabên ing dintên Sênèn Kêmis, Mas Ngabèi Sarataka wiwit sowan malêbêt, sajêngkar dalêm lênggah sewaka, lajêng sowan kantoran, ngantos dumugi jam 3 siyang, manawi kathah pandamêlan têrkadhang ngantos langkung saking jam 3 siyang, para kancanipun abdi dalêm panèwu mantri carik kadipatèn sapangandhap, punapadene abdi dalêm panèwu mantri carik kasêpuhan, sanadyan umuripun sami mênang sêpuh, amargi Mas Ngabèi Sarataka sawêg antawisipun yuswa tiga likur taun, ewadene sadaya sampun sami angaosi sarta sampun dipun aji-aji, dados manawi karaosakên panjang, wontênipun jaman sapunika para sagêd sami angsal pangaji-aji, punika pancèn botên thukulan jaman sapunika kemawon, ananging pancèn sampun cangkokan wiwit kala jaman kina.

Mas Ngabèi Sarataka sadaya pandamêlan saha sêsêratanipun, kasusastran sapanunggilanipun, lajêng dados têtuladanipun para abdi dalêm panèwu mantri carik sadaya, saking saening [sae...]

--- 2 : 86 ---

[...ning] sêratanipun, kaparênging karsa dalêm, abdi dalêm carik sami kadhawuhan anulad, ngantos kasusra lajêng karan cengkok kadipatèn.

Nalika Mas Ngabèi Sarataka yuswa salangkung taun, anêdhak sêrat pêpalinipun para panjênêngan dalêm nata, sangandhaping sêrat pêpali wau mawi dipun dèkèki ôngka taun nalika panêdhakipun 1753 saking saening sêratanipun, waris ingkang anyimpên sêrat pêpali wau, gadhah pamanggih pantês kaaturakên ing kangjêng parentah agêng nagari kala samantên ingkang jumênêng pêpatih dalêm Bandara Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, ingkang adêdalêm ing dhukuh Ngendraprastha, sêrat wau sarêng dipun uningani, bandara kangjêng radèn adipati sakalangkung angalêmbana saening sêratanipun, malah kaparêngipun bandara kangjêng radèn adipati, sêrat pêpali wau lajêng kadhawuhan amlangkani mawi kaca, kapasang wontên sacêlaking palênggahanipun.

Wêkdal kala samantên, sabên dintên Sênèn Kêmis sabibaring pasowanan, manawi sampeyan dalêm sampun lênggah ing langên katong. Mêthelan Mas Ngabèi Sarataka têmtu katimbalan ngêndikan ing sampeyan dalêm, parlu andangu punapa ingkang dados kaparêngipun karsa dalêm piyambak, utawi sanès-sanèsipun, tarkadhang manawi panggalih dalêm anuju sêla, sampeyan dalêm [da...]

--- 2 : 87 ---

[...lêm] lajêng andangu nalika Mas Ngabèi Sarataka kesah puruwita dhumatêng ing tanah wetan, Mas Ngabèi Sarataka inggih lajêng munjuk kawontênanipun, sanadyan sampeyan dalêm sampun botên kêkilapan dhumatêng para putra santana dalêm, ingkang taksih sami gadhah kalangkungan kados ingkang dipun unjukakên Mas Ngabèi Sarataka wau, kados ta: kalangkunganipun ingkang rama Gusti Panêmbahan Buminata, manawi sampun tiwikrama sagêd ngêdalakên swara kados swaraning balêdhèg, Radèn Tumênggung Sasradipura manawi sampun tiwikrama sagêd andhatêngakên lindhu sami sanalika, Radèn Tumênggung Kêrtanagara manawi sampun tiwikrama punapa saciptanipun dados, taksih kathah para putra santana dalêm, tuwin para abdi dalêm ingkang sami dipun pangandikakakên sami taksih kagungan tuwin ingkang sami taksih gadhah kalangkungan ingkang kados makatên wau, dados kalangkunganipun Kyai Ajar Sidalaku wau inggih botên anggumunakên tuwin botên anèh, malah pangandika dalêm, sadaya tiyang ingkang sampun kasumêrêpan utawi kasusra sami gadhah kalangkungan, manawi dipun raosakên kalayan panjang, kadosdene sampun kodrat gadhahanipun piyambak, utawi sampun gadhah wiji badhe dados tiyang linangkung, amila piwulang ingkang dipun lêbêtakên dhatêng manahing tiyang ingkang sampun gadhah wiji kalangkungan wau, punika namung dipun upamèkakên nyiram wiji ingkang sampun [sa...]

--- 2 : 88 ---

[...mpun] dados dhêdhêran, manawi anggèning anyirami sagêd anêlêsi siti ingkang kangge andhêdhêr wiji wau, têmtu lajêng thukul, ananging tiyang ingkang botên gadhah kodrat dados tiyang linangkung, sanadyan dipun wulanga sakathahing kasagêdan dening tiyang ingkang kasagêdanipun prasasat sagêd anjara langit, sadaya piwulang wau rêkaos sangêt sagêdipun lumêbêt dhatêng sanubari, têrkadhang sisip sêmbiripun sagêd dados tundha bema, ananging sadaya tiyang punika têmtu sami gadhah wiji kasagêdan, saupami wijining kasagêdan wau dhatêng kanuragan, manawi dipun tanêmi ing ngèlmu kasunyatan, punika têmtu botên sagêd thukul sae, sagêda thukul inggih namung thukul-thukulan kemawon, dene sagêdipun thukul sae manawi dipun tanêmi ing ngèlmu kanuragan, dados kalangkungan wau kajawi pancèn sampun dados gadhahanipun piyambak, ingkang tamtu gandhèngipun kalayan kaelokan, dene kaelokan wau prasasat botên kenging ginayuh, bokmanawi sadaya kados taksih sami èngêt dhatêng dadongenganipun Bagus Sanjaya, anakipun Rôngga Kartayuda ing Warung, punika nalika sawêg lair saking ing guwa garba, sampun gadhah kalangkungan utawi kaelokan, nalika ari-arinipun badhe dipun kêthok, kadamêlakên wêlad dêling kados limrahing jabang bayi lair, botên sagêd pasah, dalah dipun pagas kathahing dêdamêl, ugi botên wontên ingkang pasah, malah dipun [di...]

--- 2 : 89 ---

[...pun] cobi dipun gigit ing untu dening tiyang sêpuhipun, mêksa tanpa damêl, wasana namung lajêng dipun kèndêlakên kemawon, nalika ngupakara jabang bayi, ari-arinipun ugi katut dipun upakara nanging sarêng sampun kala mangsananipun uwal, ari-ari wau lajêng sagêd pisah saking pusêr, nanging lajêng ical botên kantênan, tiyang sêpuhipun botên sagêd amanggihakên, Bagus Sanjaya wau sarêng sampun umur sawindu, katingal sampun gadhah kalangkungan, awakipun sampun botên pasah kataman tapak paluning pandhe, saya agêng lajêng katingal kalangkunganipun ingkang anèh-anèh dene karosanipun sampun kasusra sagêd angawonakên gajah, tuwin sampun nate amrithili kuku siyunging sima namung kalayan tangan kemawon, manawi dipun cakar utawi dipun kêrah-kêrah dening sima ingkang dipun parithili wau, pangraosipun namung kados dipun kukur ing rare alit kemawon, nalika suwarga dalêm ingkang eyang sampeyan dalêm suwarga, sabên wontên sima enggal, Bagus Sanjaya lajêng kalêbêtakên ing kandhang sima, sarèhning anggèning kalêbêtakên dhatêng kandhang sima wau sampun kêkêrêpên, dados dangu-dangu simanipun malah kamigilan, rumaos kawus sangêt dhatêng Bagus Sanjaya, dene Bagus Sanjaya wau sarêng sampun diwasa lajêng dados pêpatih dalêm, kapatêdhan nama Radèn Adipati Sasradiningrat, ingkang karan Seda ing Bêtawi, punika kalêrês ingkang eyang [e...]

--- 2 : 90 ---

[...yang] kalihan priyantun dalêm Radèn Ayu Sasrakusuma, tuwin ingkang eyang kalihan Radèn Adipati Sasradiningrat punika.

Nalika Sèh Sitijênar amirêngakên pamêjangipun Sunan Benang dhumatêng Sunan Kalijaga, sanadyan namung mirêngakên kemawon, suprandene sagêd gadhah kalangkungan angungkuli kasagêdanipun para wali, ingkang makatên wau tumrap Sèh Sitijênar, wijining kasagêdan dhatêng ngèlmu kasunyatan, saupami ingkang kawêjangakên Sunan Benang wau babagan ngèlmu kanuragan utawi sanèsipun, punika dèrèng têmtu bilih Sèh Sitijênar sagêd nyakup dhatêng sakathahing piwulang ingkang dipun mirêngakên wau, mila manawi tiyang sêpuh punika botên awas pamawasipun dhatêng lare, kadadosanipun lajêng botên sagêd kados pangajêng-ajênging tiyang sêpuhipun.

Para abdi dalêm ingkang sami ngadhêp wontên ing ngarsa dalêm, mirêng pangandika dalêm ingkang kados makatên wau, sadaya sami angluhurakên pangandika dalêm, kala samantên ingkang ngadhêp cakêt wontên ing ngarsa dalêm: 1. Radèn Tumênggung Cakradipura, Radèn Ngabèi Yasadipura kaping II (Sasranagara), 3. Mas Ngabèi Sarataka, dene prayagung kalih wau sami dados kêkasih dalêm, sarta sami kagungan kalangkungan tuwin kadibyan ingkang sampeyan dalêm sampun uninga piyambak, namung sampeyan dalêm kagungan pangintên, Mas Ngabèi Sarataka punika kasagêdanipun [kasagêdanipu...]

--- 2 : 91 ---

[...n] sampun cêkap kagêm angladosi sampeyan dalêm, nanging kuciwa dene umuripun dèrèng kathah, saupami sampun andungkap umur kawan dasa taun, pangintêning panggalih dalêm kados gadhah kalangkungan ingkang botên beda kalihan prayagung kalih wau, amila kaparênging karsa dalêm, Mas Ngabèi Sarataka lajêng kakulinakakên ngadhêp wontên ing ngarsa dalêm, tuwin lajêng kadhawuhan anampèni dhawuh dalêm ingkang badhe kadhawuhakên dhatêng pundi kaparêngipun karsa dalêm.

Kala samantên, saupami sêkar Mas Ngabèi Sarataka sampun wiwit mêgar saking salaga, sanadyan dèrèng sapintêna kathahing yuswanipun, ananging sampun botên nate amangsulakên ingkang dados pandangu dalêm, ananging dèrèng sapintêna dangunipun anggèning Mas Ngabèi Sarataka kapiji wontên ing ngarsa dalêm, wasana sarêng amarêngi ing dintên Jumuwah Kaliwon tanggal kaping 29 wulan Bêsar ing taun Je 1750, sinangkalan, sirna gatining pangandika nataSengkalan: sirna gatining pangandika nata (29 Besar 1750 A.J., 5 September 1823 A.D.). Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping V, surut, gêrah dalêm namung sawatawis dintên dangunipun, surut dalêm wau sampeyan dalêm sawêg yuswa 39 taun langkung 8 wulan 23 dintên lamining jumênêng dalêm nata namung 2 taun langkung 11 wulan, 26 dintên lajêng kasarèkakên dhumatêng ing astana dalêm Ngimogiri.

--- 2 : 92 ---

Nalika dhumawahing gêrah dalêm, lajêng botên kaparêng mêdal saking kamar pasareyan dalêm, ingkang kalilan ngadhêp wontên sacêlaking pasareyan dalêm, para bêndara kangjêng pangeran putra dalêm namung Gusti Panêmbahan Buminata punika kalêrês ingkang rama paman kalihan sampeyan dalêm, para abdi dalêm namung Radèn Tumênggung Sasranagara, 2. Radèn Tumênggung Cakradipura.

Kacariyos, nalika surut dalêm kirang tigang dintên, Radèn Tumênggung Sastranagara kautus sampeyan dalêm, andikakakên animbali pêpatih dalêm, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Radèn Tumênggung Sastranagara sadumuginipun ing kapatihan, kangjêng radèn adipati sampun siyaga dados kampuhan, lênggah wontên ing paringgitan ingkang sisih kilèn, sadhatêngipun utusan dalêm, sasampunipun dipun ancarani lênggah satata, utusan dalêm wau dèrèng ngantos andhawuhakên timbalan dalêm, pêpatih dalêm sampun angrumiyini matur nuwun sêndika kangjêng radèn adipati lajêng sowan malêbêt, kadhèrèkakên Radèn Tumênggung Sastranagara, sadumuginipun ing nglêbêt, lajêng anjujug ing pasarean dalêm kemawon, sarêng sampun kauningan ing sampeyan dalêm, sampeyan dalêm dèrèng ngantos andhawuhakên ingkang dados kaparêngipun ing karsa dalêm, kangjêng radèn adipati sampun angrumiyini munjuk, kawula nuwun, sadaya ingkang dados kaparêngipun [ka...]

--- 2 : 93 ---

[...parêngipun] ing karsa dalêm ingkang badhe kadhawuhakên, unjuk kawula nuwun sêndika, ingkang makatên wau sampeyan dalêm inggih sajak katingal sampun tampi dhatêng unjukipun pêpatih dalêm wau, saha kawistara andadosakên karênanipun panggalih dalêm, sampeyan dalêm kalihan sarean lajêng mèsêm.

Ingkang sami angadhêp wontên sacêlaking pasareyan dalêm, mirêng unjuk sasmitanipun pêpatih dalêm ingkang kados makatên wau ugi sajak sampun sami mangrêtos sadaya, kawistara saking bingaring pasuryan saha sami angatingalakên lêga rênaning panggalih, Gusti Panêmbahan Buminata malah lajêng mèsêm kalihan amanggut-manggut.

Sarêng sampun sawatawis dangu, kangjêng radèn adipati saha Gusti Panêmbahan, tuwin Radèn Tumênggung Sastranagara, sami kadhawuhan mêdal, namung Radèn Tumênggung Sasradipura ingkang taksih kalilan ngadhêp wontên sacêlaking pasarean dalêm, akalihan priyantun dalêm Radèn Ayu Dewakusuma. Kangjêng radèn adipati lajêng têrus sowan kangjêng tuwan residhèn, kala samantên ingkang dados residhèn wontên ing Surakarta, Kangjêng Tuwan W.P. pan Ham (Wilêm Pikèt pan Ham) kangjêng radèn adipati lajêng andhawuhakên dhawuh dalêm dhatêng kangjêng tuwan residhèn, unjukipun kangjêng tuwan residhèn sêndika, amila kangjêng tuwan residhèn lajêng angaturi sêrat dhatêng [dha...]

--- 2 : 94 ---

[...têng] Kangjêng Tuwan P. E. Rênês, guprênur jêndral ing Bêtawi.

Sarêng amarêngi ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping 10 wulan Sura ing taun Dal 1751 wuku Wuye windu Kunthara, sinangkalan têtêp wigati sabdaning pêpatih,Sengkalan: têtêp wigati sabdaning pêpatih (10 Sura 1751 A.J., 15 September 1823 A.D.). putra dalêm pambajêng Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma, miyos saking priyantun dalêm Radèn Ayu Sasrakusuma, putranipun Radèn Tumênggung Cakradipura kaping 2, kajumênêngakên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, sarêng sampun jumênêng kangjêng gusti pangeran adipati anom, lajêng kajumênêngakên nata, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdulrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping VI ing nagari Surakarta Adiningrat.

Nalika jumênêng dalêm nata sampeyan dalêm kaping VI wau yuswa dalêm sawêg 16 taun langkung 10 wulan 22 dintên, kala samantên ingkang jumênêng dados pêpatih dalêm Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, ingkang sumare ing Imogiri, ingkang dados abdi dalêm pangulu, Kyai Pangulu Sumêmi, ingkang dados pujôngga Radèn Tumênggung Sastranagara, ingkang dados abdi dalêm jaksa radèn tumênggung amongpraja kaping II, para nayaka dalêm, abdi dalêm bupati kaparak kiwa, Radèn Mas Arya Jayadiningrat, abdi dalêm bupati kaparak têngên, Radèn Mas [Ma...]

--- 2 : 95 ---

[...s] Arya Purwadiningrat, abdi dalêm bupati gêdhong kiwa Radèn Tumênggung Sasradipura, abdi dalêm bupati gêdhong têngên Radèn Tumênggung Prawiradipura, abdi dalêm bupati sèwu Radèn Tumênggung Jayanagara, abdi dalêm Bupati Bumi Radèn Tumênggung Tôndhanagara, abdi dalêm Bupati Agêng Radèn Tumênggung Kartanagara, abdi dalêm Bupati Panumping Radèn Tumênggung Wiraguna, ingkang mangagêngi kadipatèn anom, Gusti Panêmbahan Buminata, ingkang dados kondhangipun abdi dalêm bupati kadipatèn, Radèn Tumênggung Sasranagara.

Antawis tigang taun, saking jumênêng dalêm nata, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VI wau lajêng wontên dauru pêrang agêng ing Dipanagaran, kacariyos, ing nagari Surakarta inggih tumut siyaga jagi-jagi, ambokmanawi para ngraman adamêl rêridhu ambêbahak sajawining kitha saha salêbêting kitha Surakarta, amila para abdi dalêm agêng alit sami kadhawuhan apacak baris, wontên sajawining kitha tuwin namung wontên salêbêting kitha, sami dipun senapatèni dening bupatinipun piyambak-piyambak, kala samantên para abdi dalêm rèh kadipatèn anom, inggih sami kadhawuhan apacak baris wontên têpang watês bawah kabupatèn kadipatèn anom.

Panatanipun ingkang Bupati Radèn Tumênggung Sastranagara, abdi [a...]

--- 2 : 96 ---

[...bdi] dalêm golongan rèh kadipatèn anom, kabage dados sakawan bageyan, ingkang tigang bageyan apacak baris, ingkang sabageyan tugur wontên salêbêting karaton, ingkang tigang bageyan wau lajêng kapara tiga, ingkang sabageyan, kadhawuhan apacak baris wontên ing dhusun Sêmanggi Lèr, dados têpang watês akalihan bawah kadipatèn ingkang sisih kidul, dipun tindhihi abdi dalêm kaliwon panèwu mantri, kanthi mantri carik sabêkêl jajaripun, ingkang sabageyan malih kadhawuhan apacak baris wontên ing kampung Kanoman dumugi Baturana mangidul, têpang watês akalihan bawah kabupatèn gêdhong têngên, ugi dipun tindhihi abdi dalêm kaliwon panèwu mantri, saha abdi dalêm mantri carik sabêkêl jajaripun, ingkang sabageyan malih kadhawuhan apacak baris wontên ing dhusun Nusupan, namung dipun tindhihi abdi dalêm panèwu mantri kemawon, tuwin mantri carik sabêkêl jajaripun, awit sampun angsal biyantunipun para kenthol-kenthol, ing Nusupan satiyangipun magêrsari antawisipun tiyang tigang atusan.

Kala samantên Mas Ngabèi Sarataka dhawah wontên pajagèn ing dhusun Nusupan, ingkang dipun kanthi botên wontên malih namung Ki Tanujaya, kalih Ki Jasana, rintên dalu botên nate pisah kalihan Mas Ngabèi Sarataka, ngiras angamisêpuhi para

--- 2 : 97 ---

kenthol ing Nusupan samagêrsarinipun, kala samantên Mas Ngabèi Sarataka sawêg kagungan putra satunggal, nama Radèn Ajêng Sudinah pêparab Radèn Ajêng Manun, sawêg umur 2 taun, ugi kapundhut putra kalihan Gusti Panêmbahan Buminata.

Salêbêtipun wontên pabarisan, nyut, Mas Ngabèi Sarataka kèngêtan dhumatêng ingkang putra Radèn Ajêng Sudinah wau, saparipolahipun namung katingal wontên ing paningal kemawon, sanadyan sampun dipun sabili ingkang kados punapa, ewadene botên sagêd angêndhakakên raosing panggalihipun ingkang kados makatên wau, tansah katingal agawang-gawangan, Mas Ngabèi Sarataka malah lajêng dipun sasupe dening Ki Tanujaya, anggèning katingal akamidolopên, mênggah sêsawangan ingkang kados makatên wau ing atasipun wontên pabarisan prayogi dipun singkirakên ingkang têbih, awit badhe botên prayogi kadadosanipun, amargi sagêd nyudakakên dhatêng yuwananing sarira, sami sanalika wau Mas Ngabèi Sarataka lajêng kèngêtan bilih sawêg anglampahi ayahan.

Dèrèng sapintêna dangunipun, lajêng sami mirêng ungêling sanjata abêbrondongan, sarta swaraning surak mawurahan, barisan kadipatèn ingkang wontên ing dhusun Nusupan wau, lajêng sami siyaga angrêgêm dêdamêlipun piyambak-piyambak, botên dangu lajêng [la...]

--- 2 : 98 ---

[...jêng] katungka dhatêngipun wadya barandhal anêmpuh ing dhusun Nusupan, sanalika lajêng dipun papagakên dening barisan kadipatèn, campuhing pêrang langkung rame, gêntos kalindhih, ungêling sanjata pating jarêthot lumintu tanpa kèndêl, kukusing sandawa mulêg pêtêng kados uwabing rêdi katunu, bênthiking watang pating garopyak kados têtêngêr swaraning grahana, pangadhuhing tiyang kenging dêdamêl adamêl marindinging wulu, dhawahing tiyang pêjah pating gadêbug kados dhumawahing kalapa saking uwit, dangu-dangu barisan kadipatèn ragi kasêsêr, amargi saking karoban mêngsah, para tiyang magêrsari sakantunipun, lajêng sami kapalajêng asalang tunjang, sami ambujêng gêsangipun piyambak-piyambak, kantun para kenthol tuwin para têtindhih kemawon, sami puguh anglawan sapikangsalanipun, para barandhal adamêl gêlar wulan tumanggal, dèrèng sapintêna dangunipun, barisan kadipatèn kalêbêt Mas Ngabèi Sarataka, kenging gêlaring mêngsah, kluwêng, kluwêng, jêbul sampun kakêpang wakul dening barandhal.

Wadya barandhal ingkang anêmpuh dhumatêng ing dhusun Nusupan wau, para tiyang padhusunan ingkang sampun kenging katêlukakên dening barandhal, sabageyan agêng saking ing dhusun Pêngging Ngaliyan mangalèr dumugi Kêbondalêm, ingkang dados têtindhihing barandhal nama Radèn Ngabèi Arumwijaya, Mantri Sanggan Sêkar ing dhusun Kêbondalêm, kalêrês ingkang rayi dêlês akalihan Radèn Ngabèi

--- 2 : 99 ---

Yasadipura: Tus Pajang, sami putranipun Radèn Tumênggung Padmanagara, kasihkêkasih. Kyai Asradimêja, pradikan saha pamijèn ing dhusun Ngaliyan, kalêrês ingkang putra mantu Radèn Ngabèi Yasadipura wau, pangajênging barandhal kalih wau sarêng sumêrêp bilih ingkang dipun kêpang inggih ingkang wayah Mas Ngabèi Sarataka, sakancanipun golongan kadipatèn, sarta sarêng sumêrêp dhatêng Ki Tanujaya tuwin Ki Jasana, priyantun kalih wau lajêng sami malajêngi, malah kirang sakêdhik kemawon dipun ancarani waos kalihan Ki Jasana, sampuna mawi nyuwara acêluk-cêluk namanipun Ki Tanujaya, pancèn kantun cêprotipun kemawon nanging sarêng sami nyuwara angundang namanipun Ki Tanujaya, badhe panumbakipun lajêng kanggêg, wasana Ki Tanujaya, kalih Ki Jasana, lajêng sami pinaringan èngêt sampun botên pangling dhumatêng Radèn Ngabèi Arumwijaya, tuwin dhatêng Kyai Asradimêja, Radèn Ngabèi Arumwijaya lajêng angrangkul dhumatêng ingkang wayah buyut Mas Ngabèi Sarataka kalihan muwun, para pangagêng ingkang sami nyumêrêpi sami akamitonggongên, Kyai Asradimêja lajêng anggablogi dhatêng Ki Tanujaya, kalih Ki Jasana.

Radèn Ngabèi Arumwijaya, saha Kyai Asradimêja, sami anyariosakên kawontênanipun anggèning sami katêlukakên dening barandhal, pangagênging barandhal ingkang nêlukakakên wau apangkat bupati, sasampuning anêluk-nêlukakên tiyang-tiyang [tiyang-ti...]

--- 2 : 100 ---

[...yang] ing Kêbondalêm mangidul, lajêng badhê mangilèn dhatêng kitha Bayalali, Radèn Ngabèi Arumwijaya, kalih Kyai Asradimêja, dipun kanthèni prajurit barandhal kiwa têngênipun satus, kapurih anukup ing dhusun Nusupan, amargi ing dhusun Nusupan wau sampun kasusra panggenanipun tiyang sugih arta tuwin jêne sela, Radèn Ngabèi Arumwijaya botên kagungan pangintên bilih dhusun Nusupan sampun dipun barisi dening prajurit kadipatèn, wasana Radèn Ngabèi Arumwijaya kalih Kyai Asradimêja, sarencangipun tiyang Kêbondalêm tuwin tiyang ing Pêngging, antawisipun tiyang gangsal atusan, sadaya lajêng angêmpal ngayom dhatêng barisan kadipatèn, para barandhal ingkang sanès tiyang Kêbondalêm tuwin tiyang ing Pêngging, lajêng sami kapalajêng bibar pating salêbar, ingkang sampun kasompok botên sagêd oncat, lajêng sami nungkul tumut ngêmpal prajurit ing Pêngging ingkang sampun ngayom dhatêng prajurit kadipatèn, wasana ing dhusun Nusupan wilujêng botên saèstu dados aradaning prajurit barandhal.

Sasampuning sami rêrêm, Mas Ngabèi Sarataka lajêng adamêl lapuran katur ing parentah kabupatèn kadipatèn anom, anglapurakên punapa kawontênanipun ingkang sami mêntas dipun lampahi, sarêng sêrat palapuran sampun katur ing kabupatèn, lajêng katêrusakên katur ing Buminatan, dhawuhipun Gusti

--- 2 : 101 ---

Panêmbahan, Radèn Ngabèi Arumwijaya, tuwin Kyai Asradimêja, satiyangipun alit sadaya, kadhawuhan angantukakên dhumatêng ing Kêbondalêm tuwin dhumatêng ing Pêngging, kadhawuhan amasrahakên dhumatêng abdi dalêm ingkang apacak baris wontên sakilèning watês kitha Surakarta supados dipun antukakên dhatêng ing Kêbondalêm tuwin dhatêng ing Pêngging, sadaya sampun kalampahan sami dipun êtêrakên mantuk, dumuginipun ing Kêbondalêm, sarta ing dhusun Pêngging, wilujêng botên kapapag ing mêngsah, punapadene ing Kêbondalêm, sarta ing Pêngging lajêng botên kasêrang ing barandhal malih.

Taksih salêbêtipun pêpêrangan ing Dipanagaran, amarêngi ing taun Jimakir, 1754 sinangkalan, dadi tinata pandhitaning ratu,Sengkalan: dadi tinata pandhitaning ratu (1754 A.J., 1826/27 A.D.). Mas Ngabèi Sarataka, kakarsakakên dados panèwu sadasa kadipatèn anom, nama saha sêsêbutanipun lêstari, Mas Ngabèi Sarataka.

Salêbêtipun Mas Ngabèi Sarataka dados Panèwu sadasa kadipatèn anom, manawi wontên gugad bab prakawis sambut, anggèning amutusi namung anglugokakên punapa prajangjianipun ingkang sampun sami dipun sanggêmi, saupami sêrat prajangjian mungêl anicil sabên satêngah taun 30 rupiyah, putusaning pangadilan namung anglêstarèkakên punapa ingkang sampun dados prajangjianipun kemawon,

--- 2 : 102 ---

ananging kathahing cicilan, botên kenging langkung sapara sakawaning pamêdalanipun ingkang kagigat, namung lung tinampèning cicilan mêdal saking kabupatèn kadipatèn anom, dados ingkang kagigat katêtêpakên kêdah angulungakên pamêdalipun sapintên petanging cicilanipun dhatêng ingkang nyambutakên, dumugi sapundhatipun, putusan makatên wau sampun dipun kaparêngakên dening pangagênging kadipatèn anom, saha lajêng sami dados panarimahipun ingkang gugat tuwin ingkang kagugat.

Sarêng amarêngi ing dintên Sênèn Wage tanggal kaping 22 wulan Bêsar ing taun Jimawal 1757 sinangkalan sabda wigati pangandikaning ratu,Sengkalan: sabda wigati pangandikaning ratu (Senin Wage, 22 Besar 1757 A.J., Senin, 14 Juni 1830 A.D.). Kangjêng Gusti Pangeran Arya Purubaya, putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IV, miyos saking Pramèswari Dalêm Kangjêng Ratu Kancana, kajumênêngakên nata, anggêntosi kapraboning pulunan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VI, ajêjuluk, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdulrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping VII, ing nagari Surakarta Hadiningrat, nalika jumênêng dalêm nata ingkang sinuhun kaping VII wau, yuswa dalêm 34 taun langkung 11 wulan 6 dintên.

Taksih anunggil salêbêting taun Jimawal 1757, Mas Ngabèi Sarataka, kakarsakakên mingsêr dados abdi dalêm [dalê...]

--- 2 : 103 ---

[...m] panèwu carik kadipatèn anom, kapatêdhan nama saha sêsêbutan Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pandamêlanipun kapiji wontên ing ngarsa dalêm. Angladosi ingkang dados kaparêngipun ing karsa dalêm, gêdhongipun kadhawuhan nunggil abdi dalêm carik ing Kasêpuhan.

Nalika Radèn Ngabèi Rônggawarsita dados abdi dalêm panèwu carik, yuswanipun sampun tigang dasa taun, sarta lajêng wiwit bawa dalêm piyambak wontên ing kampung Pasar Kliwon, dados anêtêpi wontên ing blabag kadipatèn, kala samantên sampun wiwit katingal amumpuni dhatêng samukawis, saha lajêng dados pangangsoning pitakenan, tuwin lajêng misuwur dados paguroning kasusastran Jawi, para gusti, para bandara, saha para luhur, punapadene putraning para gusti kathah ingkang sami dipun puruwitakakên dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, malah para bandara ingkang kawical sagêd dhatêng kasusastran, tuwin ingkang kawical sagêd dhatêng mardawa lagu, 1. Bandara Kangjêng Pangeran Panji Dipakusuma kaping 2, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kaping 2, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Cakradiningrat, Bandara Radèn Mas Panji Esmusubrata, Bandara Radèn Mas Panji Purwasubrata, tuwin sanès-sanèsipun. Dalah para tuwan-tuwan inggih wontên ingkang puruhita kasusastran Jawi, kados ta: Tuwan Pèdrik Wintêr, Tuwan [Tu...]

--- 2 : 104 ---

[...wan] Jonas Purtir, Tuwan Dhoning, Tuwan Dhabu, tuwin Tuwan Jansên, punapadene para abdi dalêm, saha anaking para abdi dalêm panèwu mantri ugi kathah ingkang sami kalêbêtakên dados siswa, kala samantên Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng damêl pathokaning panyêrat kasusastran Jawi, ingkang dipun namakakên paramasastra Jawi.

Kalêrêsan kalihan kala mangsanipun, kala samantên Tuwan Jonas Purtir ing kampung Mondhokan, nyuwun lilah dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, badhe angêdalakên sêrat kabar Jawi, kangge anjêmbarakên padaganganipun para sudagar Walandi, tuwin para sudagar sanès-sanèsipun, angêmot pawartos umum ingkang parlu dipun sumêrêpi ing tiyang kathah, kawêdalakên saminggu sapisan, sabên ing dintên Kêmis, sampeyan dalêm inggih sampun amarêngakên, sêrat kabar wau kapatêdhan nama Bramartani (surut dalêm sampeyan dalêm kaping VII, jumênêng dalêm sampeyan dalêm kaping VIII, sêrat kabar Bramartani wau kapatêdhan santun nama Jurumartani, sarêng jumênêng dalêm sampeyan dalêm kaping IX, lajêng kawangsulakên nama Bramartani malih). Ingkang dados juru ngarangipun ngiras pangagênging pangêcapan, Tuwan Jonas Purtir piyambak, sarèhning Tuwan Jonas Purtir wau dèrèng patos sampurna dhatêng têmbung Jawi amila lajêng nêdha pitulungan dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita,

--- 2 : 105 ---

kaparênga dados êmbaning juru ngarang, kala samantên Radèn Ngabèi Rônggawarsita, inggih andhanganakên, ugêr asmanipun botên katingalakên ing akathah, mila salairipun sêrat Bramartani wau, lajêng dados kalangan ajanging sarasehan têmbung sarta kasusastran Jawi, dados Radèn Ngabèi Rônggawarsita wau inggih sampun nate angraosakên awratipun tiyang dados juru ngarang (rêdhaktur).

Kala jaman samantên, panatanipun dhatêng para manjurung, dèrèng patosa dipun satitèkakên, bokmanawi sarèhning namung babagan pakabaran ingkang rèmèh-rèmèh, utawi babagan angudi bab indhaking sêsêrêpan, ingkang kathah sami botên mawi sorogan,sorog: a key, sorogan, a drawer; layang sorogan, a letter containing a warning, final notice, threat etc. (EH:325,566). cêkap namung ijêmanipunijêm: ijêman, 1. mung diucapake sarana lesan (ora katulis). 2. ak. surasaning lajang; ijêmane, têgêse, karêpe, lire [JJ:167]. ingkang dipun kèngkènkèngkèn: (cf. kongkon) to have smn do sth (EH:273). kemawon, malah ingkang kathah para manjurung wau sami dhatêng griyanipun êmbaning juru ngarang piyambak, ngiras omongan sawontênipun.

Satunggaling dintên, Tuwan Jonas Purtir anampèni panjurung soroganipun namung ijêmanipun rencang ingkang dipun kèngkèn kemawon, sarèhning ingkang manjurung wau Tuwan Jonas Purtir sampun têpang sae, dados botên kamanah panjang badhe kadadosanipun ing wingking, bokmanawi malah kakintên badhe botên dados punapa, môngka panjurung wau suraosipun anacat dhatêng tindaking parentah ingkang botên lêrês, nalika Tuwan Jonas Purtir [Pur...]

--- 2 : 106 ---

[...tir] anampèni panjurung wau, dumadakan botên mawi kasumêrêpakên rumiyin dhatêng êmbaning juru ngarang, lajêng têrus kapacak kemawon, sawêdalipun sêrat Bramartani ingkang isi panacat tindaking parentah wau, sarèhning panacatipun ingkang dipun mêmiringi Kangjêng Tuwan Residhèn, Hèndrik Magilapri,Kangjêng Tuwan Residhèn, Èndrik Magilapri. H. Mac. Gillavry (Wakil Resident Surakarta, 1823-24; Resident Surakarta, 1825-27, 1830-34). amila kangjêng tuwan residhèn sakalangkung duka, dhawuhing bêndu dhatêng Tuwan Jonas Purtir, kala samantên kangjêng tuwan residhèn lajêng têdhak dhatêng griyanipun Tuwan Jonas Purtir, parlu badhe andhawuhakênandhawahakên. dêduka, dene amacak panjurung ingkang wosipun namung dhatêng panacat, dhawuhipun Kangjêng tuwan residhèn, Tuwan Jonas Purtir badhe kaaturakên dhatêng rad pan yustisi, kasuwunakên paukuman.

Tuwan Jonas Purtir mirêng pangandikanipun kangjêng tuwan residhèn ingkang kados makatên wau, manahipun sakalangkung gêtêr, sarta botên nyana bilih lajêng kados makatên kadadosanipun, ing môngka pawartos ingkang kapacak wau, satêmênipun inggih cocog kalihan kawontênanipun, amila Tuwan Jonas Purtir pêpuntoning manah namung badhe ngaturakên namanipun ingkang manjurung kemawon, ananging gagasan wau lajêng kèndêl, amargi Tuwan Jonas Purtir lajêng botên kèngêtan dhatêng namanipun ingkang manjurung wau, ewadene sasagêd-sagêd inggih badhe endha dhawuh pangancaming pamidana wau, Tuwan Jonas Purtir lajêng matur, sarèhning sariranipun punika bôngsa kulit [ku...]

--- 2 : 107 ---

[...lit] pêthak, sanadyan sagêd dhatêng têmbung Jawi, ananging sayêktosipun taksih kirang sampurna, amila bab punika Tuwan Jonas Purtir prasasat botên sumêrêp, amargi tindaking angarang mawi dipun apèn-apèni dening bôngsa Jawi, sarta inggih milih ingkang sampun kasusra kasagêdanipun dhatêng kasusastran Jawi, inggih punika Radèn Ngabèi Rônggawarsita, abdi dalêm panèwu carik kadipatèn anom, dados sadaya sakathahing panjurung sasampuning dipun tampèni lajêng kapasrahakên dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, malah ingkang kathah panjurung wau lajêng katampèn saha kajujugakên dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita kemawon, sagêd ugi panjurung ingkang suraosipun kagalih anacat tindhaking parentah wau, ingkang nampèni Radèn Ngabèi Rônggawarsita piyambak, wontênipun lajêng kapacak, kados inggih sampun katimbang lêrês.

Sarêng Kangjêng tuwan residhèn mirêng aturipun Tuwan Jonas Purtir ingkang kados makatên wau, dêdukanipun malah kados dipun unggar, saking sangêting duka ngantos anggêbrag-gêbrak meja, sanalika kangjêng tuwan residhèn utusan animbali Radèn Ngabèi Rônggawarsita, kadhawuhan jujug dhatêng griyanipun Tuwan Jonas Purtir botên kalilan pamit, sarèhning kala samantên Radèn Ngabèi Rônggawarsita sawêg anuju sowan, dados lajêng kasusul malêbêt (kraton) mila anggèning [anggè...]

--- 2 : 108 ---

[...ning] dhatêng griyanipun Tuwan Jonas Purtir taksih mangangge kampuhan, sarta sanadyan kados punapa kagèting panggalihipun, ananging sarèhning botên angrumaosi kagungan sabab punapa-punapa, dados panggalihipun inggih têtêk kemawon, sarêng sampun wontên ngarsanipun kangjêng tuwan residhèn, kangjêng tuwan residhèn lajêng andangu kawontênanipun panjurung ingkang kapacak wontên ing Bramartani wêdalipun ing dintên Kêmis kapêngkêr punika, ingkang suraosipun anacat dhatêng parentah, punika punapa karanganipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, manawi dede punika karanganipun sintên, aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita botên sagêd angaturakên katrangan, inggih lêrês sariranipun dados êmbaning juru ngarang, sarta inggih lêrês sadaya karangan saking para manjurung ingkang sami dipun tampèni dening juru ngarang, sadèrèngipun kapacak kapasrahakên dhatêng êmbaning juru ngarang sadaya, namung panjurung ingkang angêmot anacat dhatêng parentah wau, dumadakan êmbaning juru ngarang botên sumêrêp, amargi sadèrèngipun utawi pamacakipun botên mawi kasumêrêpakên rumiyin dhatêng êmbaning juru ngarang, sumêrêp-sumêrêp sampun kapacak wontên Bramartani wau, êmbaning juru ngarang pancèn badhe angurus bab punika dhatêng Tuwan Jonas Purtir, ananging lajêng katungka dipun timbali kangjêng tuwan residhèn.

--- 2 : 109 ---

Aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita kados makatên wau, botên mawi kadangokakên dhatêng Tuwan Jonas Purtir, ananging kangjêng tuwan residhèn malah sakalangkung duka sangêt, Radèn Ngabèi Rônggawarsita kagalih tiyang sagêd ngikal basa, amila bab punika ingkang katêtêpakên lêpat Radèn Ngabèi Rônggawarsita, manawi Radèn Ngabèi Rônggawarsita botên sagêd ngaturakên namanipun ingkang manjurung, têtela manawi panjurung wau karanganipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita piyambak, kangjêng tuwan residhèn badhe angunjuki uninga ing sampeyan dalêm, kasuwunakên pocot, sarta lajêng kasêrêg dhatêng rad pan yustisi, kasuwunakên paukuman.

Radèn Ngabèi Rônggawarsita aturipun taksih kêkah manawi bab punika botên sumêrêp sayêktos, amargi pancèn botên mangrêtos, ewadene manawi karsanipun kangjêng tuwan residhèn anêtêpakên bilih panjurung wau karanganipun êmbaning juru ngarang, Radèn Ngabèi Rônggawarsita botên badhe selak.

Sakèndêling aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita ingkang makatên wau lajêng cêp, botên wontên sabawaning walang salisik, sadaya kados kamidolopên, kangjêng tuwan residhèn saha Tuwan Jonas Purtir sami botên mangêrtosi bilih Radèn Ngabèi Rônggawarsita sawêg manungku puja sêmèdi, anêgês dhatêng [dha...]

--- 2 : 110 ---

[...têng] Ingkang Murbèng Gêsang, ingkang kaèsthi mugi paringa wêwêngan tuwin kaelokan saking kuwasanipun ingkang adamêl gêsang dhumatêng sariranipun, kaparênga anguwalakên saking bêbaya.

Pangèsthi wau manawi têmên-têmên têka sagêd kabul sayêktos, dèrèng sapintêna dangunipun, lajêng wontên swara athèthèk-thèthèk kontên, sarêng dipun wêngani dening Tuwan Jonas Purtir ingkang anèthèk kontên wau prayantun sampun satêngah sêpuh, pasemonipun ringas, sawanganipun kêndêl, tatag, botên wêgahan, sarêng priyantun wau sampun pinanggih kalihan Tuwan Jonas Purtir, lajêng têtabikan, sarta suka tarima kasih dhumatêng Tuwan Jonas Purtir, dene panjurungipun sampun sagêd kapacak ing Bramartani wêdalipun kala Kêmis ingkang kapêngkêr punika, ananging sajatosipun panjurung wau pancèn taksih kirang pratitis, amila panjurung ingkang sampun kapacak wau dipun sambêti malih ingkang langkung pratitis, wicantên makatên wau tanganipun kalihan angrogoh sêrat ingkang dipun kantongi wontên kanthonganing rasukan ingkang lêbêt, lajêng katampèkakên dhatêng Tuwan Jonas Purtir, Tuwan Jonas Purtir amangsuli sakalangkung trima kasih, sarta dipun sagahi sambêtipun karangan punika benjing Kêmis ngajêng punika badhe kapacak malih, prayantun wau lajêng pamit badhe andumugèkakên parlu, sarèhning Tuwan Jonas Purtir sampun kulina dhatêng tamunipun wau, dados Tuwan Jonas Purtir

--- 2 : 111 ---

botên makèwêdakên, sasampuning têtabikan lajêng mêdal.

Sawêdalipun tamu wau kangjêng tuwan residhèn lajêng animbali upasipun, ingkang kadhawuhan angêntosi sajawining kontên, kadangu tiyang ingkang lumêbêt punika wau sadèrèngipun anèthèk kontên punapa mawi pitakèn dhatêng upas rumiyin, aturipun upas botên, malah upas inggih gumun, mokal manawi botên sumêrêp bilih kangjêng tuwan sawêg lênggah wontên ing ngriki, amargi upas inggih sampun kulina dhumatêng tamu punika wau, kalihan lajêng matur, kangjêng tuwan residhèn punapa dèrèng uninga, wangsulanipun kangjêng tuwan residhèn, sampun uninga (punika namanipun Radèn Purwawijaya).

Kangjêng tuwan residhèn lajêng amêlèhakên dhumatêng Tuwan Jonas Purtir, sabab punapa kala wau botên purun prasaja, têka malah lendhehan dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, dados sampun têtela ingkang dora malah Tuwan Jonas Purtir, ingkang têmên Radèn Ngabèi Rônggawarsita.

Tuwan Jonas Purtir lajêng nyuwun pangapuntên, wontênipun lajêng matur ingkang kados makatên wau amargi saking kasupèn dhatêng namanipun prayantun ingkang manjurung wau, mênggah kawontênanipun anggèning lendhehan dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita punika sarèhning prayantun ahli dhatêng têmbung bokmanawi sampun têpang dhatêng prayantun ingkang manjurung wau saèstunipun badhe sagêd anitèni [ani...]

--- 2 : 112 ---

[...tèni] dhatêng pangikêting têtêmbunganipun, lajêng sagêd andumuk namanipun.

Kangjêng tuwan residhèn namung tansah anggoyangakên mustakanipun kemawon, wasana lajêng mundhut pangapuntèn dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sarta anêtêpakên bilih Radèn Ngabèi Rônggawarsita satunggaling prayantun ingkang alus panggalihipun, sarta lajêng dhawuh dhumatêng Tuwan Jonas Purtir, supados nuwun pangapuntên dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, Tuwan Jonas Purtir inggih lajêng nyuwun pangapuntên.

Radèn Ngabèi Rônggawarsita angaturakên panuwun dhumatêng tuwan residhèn, sarta bab punika wau tumrap Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun botên dados punapa, tuwin cariyos dhatêng Tuwan Jonas Purtir, bilih sapunika Radèn Ngabèi Rônggawarsita nyuwun kèndêl anggènipun dados êmbaning juru ngarang Bramartani, mugi kangjêng tuwan residhèn kaparênga anêksèni, dhawuhipun kangjêng tuwan residhèn inggih kaparêng anêksèni.

Sarêng sampun rampung, kangjêng tuwan residhèn lajêng kondur dhumatêng ing paresidhenan, Radèn Ngabèi Rônggawarsita kadhawuhan tunggil sakareta kalihan kangjêng tuwan residhèn, sarêng sampun dumugi ing paresidhenan, karetanipun kangjêng tuwan residhèn [residhè...]

--- 2 : 113 ---

[...n] kadhawuhan anitihi Radèn Ngabèi Rônggawarsita dhumatêng ing dalêmipun.

Sanès dintên kangjêng tuwan residhèn lajêng anindakakên mariksa dhumatêng Radèn Purwawijaya, sarèhning papriksanipun kalêrês lêpat, putusanipun lajêng karampungan wontên rad pan yustisi, dumugining putusan kaukum sawulan.

Taksih anunggil wulan kalihan panyêrêgipun kangjêng tuwan residhèn dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, kangjêng tuwan residhèn amaringi tôndha katrêsnan, awarni lesnar panyêratan, komplit dalah sapirantosipun, lesnar wau tutupipun mawi kacêplok salaka kasêrat ing sastra latin mungêl, Radèn Ngabèi Rônggawarsita (sasedanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, lajêng dhawah waris mantu Radèn Atmakartika, lajêng asma Radèn Ngabèi Jayadarsana).

Kacariyos, anuju ing dintên Akat, Tuwan Pèdrik Wintêr (Tuwan Pèdrik Wintêr punika juru basa ing Surakarta, ingkang gambaripun kacandhi wontên sangajênging dalêm guprênuran Surakarta) dhumatêng ing Rônggawarsitan, wigatosipun tuwi kawilujênganipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, amargi Tuwan Pèdrik Wintêr mirêng kabar, bilih Radèn Ngabèi Rônggawarsita mêntas dipun timbali kangjêng tuwan residhèn, punika nawung wigatos punapa. Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng anyariyosakên punapa [pu...]

--- 2 : 114 ---

[...napa] kawontanênipun, saengga ngantos dumugi dipun paringi tôndha katrêsnan awarni lesnar panyêratan, lesnar wau lajêng dipun uningakakên dhatêng Tuwan Pèdrik Wintêr.

Tuwan Pèdrik Wintêr sakalangkung ngungun, sarta panggalihipun inggih sakalangkung bingah, dene kawontênanipun sampun pinanggih wilujêng, namung sajatosipun, nalika Radèn Ngabèi Rônggawarsita dados êmbaning juru ngarang Bramartani, panggalihipun pancèn botên cocog, amargi pandamêlan juru ngarang punika dipun upamèkakên ancik-ancik pucuking êri, manawi botên ngatos-atos sagêd tumancêp sukunipun piyambak, uwohipun namung dipun sigèni ing para kônca, ing mangke Tuwan Pèdrik Wintêr andhèrèk bingah sarêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun kèndêl anggèning dados êmbaning juru ngarang, mawi nyariyosakên kathah-kathah bilih tumrapipun bôngsa kulit pêthak, dados juru ngarang makatên, dipun anggêp pandamêlan ingkang sakalangkung gawat, mila ingkang sami dados juru ngarang punika balanjanipun inggih botên sakêdhik, kabêkta saking gawatipun pandamêlan wau.

Radèn Ngabèi Rônggawarsita sakalangkung panuwunipun, dene Tuwan Pèdrik Wintêr sampun kaparêng paring katrangan bab gawatipun tiyang dados juru ngarang, Tuwan Pèdrik Wintêr lajêng mantuk.

Amarêngi ing dintên Akat Wage tanggal kaping 3 wulan Rabingulakir, [Rabingu...]

--- 2 : 115 ---

[...lakir,] ing taun Ehe 1772 wanci jam 12 dalu, ingkang êmbah Radèn Ngabèi Rônggawarsita, asma Radèn Tumênggung Sastranagara, abdi dalêm bupati kadipatèn anom, saha pujôngga dalêm seda jalaran gêrah sêpuh, dumugi yuswa 85 taun, layon lajêng kasarèkakên dhumatêng ing astana Ngaliyan, (Pêngging) wontên sawetanipun ingkang rama Radèn Ngabèi Yasadipura sapisan.

Sasedanipun ingkang êmbah Radèn Tumênggung Sastranagara wau, panggalihipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, lajêng kathah ingkang karaos-raos, sapisan sariranipun sawêg dados panêwu, kaping kalih nama kapêpêtan sumbêr kasugêngan, amargi nalika taksih sugêngipun ingkang êmbah dados sumbêring kasugêngan sagarwa putra, amila panggalihipun sakalangkung prihatos, mênggah prihatosing panggalih wau ngantos dipun lampahi pintên-pintên wulan dangunipun.

Sarêng amarêngi ing dintên Kêmis Pon tanggal 20 wulan Ruwah taun Jimawal 1773 sinangkalan katon pandhita sabdaning ratu,Sengkalan: katon pandhita sabdaning ratu (20 Ruwah 1773 A.J., 24 Agustus 1845 A.D.). kaparêngipun ing karsa dalêm, Radèn Ngabèi Rônggawarsita kakarsakakên dados abdi dalêm kaliwon kadipatèn anom, saha pujôngga ing nagari Surakarta Hadiningrat, kapatêdhan nama lêstari Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pandamêlanipun kapiji wontên ing ngarsa dalêm, angladosi punapa

--- 2 : 116 ---

ingkang dados kaparêngipun ing karsa dalêm, sanadyan Radèn Ngabèi Rônggawarsita kalêbêt dèrèng sêpuh yuswanipun, ananging sampun kawêntar bilih panggalihipun sampun kadunungan waskitha, amila sampeyan dalêm badhe anyobi dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, punapa inggih waskitha yêktos.

Anuju satunggiling dintên, sampeyan dalêm lênggah ing parasdya (P.B. VII), ingkang ngadhêp wontên ing ngarsa dalêm, Ondêr Mayor Radèn Panji Jayaningrat (Radèn Panji Jayaningrat punika pawingkingipun lajêng jumênêng pêpatih dalêm, asma Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, Kangjêng Ridêr) saha para putri-putri, sampeyan dalêm ngasta arta krêtas, nyatus kathahipun sadasa lêmbar dados gunggung 1000 rupiyah, dhawuh dalêm dhumatêng ondêr mayor, pangandika dalêm kalayan bisik-bisik, arta 1000 rupiyah wau badhe kaparingakên dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, nanging botên mawi dipun pangandikakakên, karsa dalêm wau Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun sumêrêp punapa dèrèng, manawi sampun sumêrêp pancèn inggih sidik sayêktos, satêlasing pangandika dalêm lajêng animbali Nyai Sumêdhang, kadhawuhan nimbali Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sapêngkêripun Nyai Sumêdhang, yatra krêtas sadasa lêmbar wau lajêng kabundhêlan ing sap asta dalêm, sarta lajêng kasampirakên wontên ing pamidhangan, bundhêlanipun kadhawahakên ing pêngkêran dalêm, [da...]

--- 2 : 117 ---

[...lêm,] botên dangu Radèn Ngabèi Rônggawarsita katingal majêng ing ngarsa dalêm, sampeyan dalêm lajêng angasta sêrat, sarta lajêng ngêndika akalihan Ondêr Mayor Radèn Panji Jayaningrat, ingkang dipun pangandikakakên sajak babagan ingkang prêlu sangêt, amargi pasuryan dalêm kawistara kados anawung dêduka, ananging sajatosipun sasolah bawaning sarira dalêm wau namung kagêm samudana kemawon.

Sarêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun dumugi ing ngarsa dalêm, lajêng kèndêl wontên ing tratag sawetan parasdya, sarêng sampun ngaras kaping kalih lajêng minggah dhumatêng ing parasdya, sarta lajêng alampah dhodhok dhumatêng ing pêngkêran dalêm, sadumuginipun ing pêngkêran dalêm, sasampuning ngaras rambah kaping tiga, lajêng jèngkèng, bundhêlan arta ingkang wontên ing sap asta dalêm lajêng dipun uculi, sarta lajêng kakandhut wontên ing padharan, sarampungipun anggèning amrênahakên, pangandhuting arta, lajêng ngaras malih, têrus mundur dhumatêng ing tratag, kèndêl sawatawis lajêng têrus mundur wangsul dhumatêng ing gêdhong carikan. Sapêngkêripun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sampeyan dalêm anggènipun gumujêng botên kenging dipun ampêt, dalah ingkang sami ngadhêp wontên ing ngarsa dalêm jalêr èstri, sarta para putri-putri anggèning sami badhe gumujêng ugi botên kenging dipun ampêt, wasana lajêng sami asêsarêngan gumujêng ambata rêbah. Ingkang ngadhêp [ngadhê...]

--- 2 : 118 ---

[...p] wontên ing ngarsa dalêm sadaya sami gumun, sampeyan dalêm katingal rêna sangêt, sarta lajêng kawiyos pangalêmbana dalêm dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, malah pangandika dalêm dhumatêng Ondêr Mayor Radèn Panji Jayaningrat, sampeyan dalêm mirêng piyambak pangandika dalêm ingkang rama Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun kaping IV, bilih Radèn Ngabèi Rônggawarsita wau kawêca badhe dados pujôngga ingkang kasagêdanipun linangkung piyambak, pangandika dalêm wau sanadyan namung anirokakên pangandika dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun kaping IV, ewadene lajêng nyawabi dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, amila sasampuning kawiyos dhawuh pangandika dalêm wau, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng wiwit kawêntar kalangkunganing panggalih, sarta lajêng kasusra sagêd sumêrêp sadèrèngipun winarah.

Kala samantên Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun sugih pawong mitra, mênggah pawong mitranipun wau botên angêmungakên para priyantun kemawon, ananging para gusti, para bêndara, sarta para luhur, ugi kathah dalah para tuwan-tuwan bôngsa Cina, bôngsa Arab inggih kathah, pangrakêtipun bêbasan dhatêng pawong mitra angrêsêpakên manah, manawi dhumatêng para gusti, para bêndabêndara. para luhur, sakalangkung anggènipun anoraga, manawi dhumatêng para panèwu mantri, dhatêng sadaya tiyang alit [ali...]

--- 2 : 119 ---

[...t] pangrêngkuhipun sumanak kados dhatêng sadhèrèk piyambak.

Radèn Ngabèi Rônggawarsita punika dhatêng pawong mitranipun bujakrama sangêt, sabên dipun dhatêngi pawong mitranipun, sampun têmtu mawi kasêgah dhahar, sanadyan dhatêngipun sampun alungse môngsa, inggih mêksa mawi kasêgah dhahar, pisêgah wau botên namung sawontênipun kemawon, ananging inggih kalêbêt sae, amila sanadyan pamêdalipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita wau kapetang agêng, sarta môngsakala taksih dipun paringi saking Gusti Panêmbahan Buminata, saking ingkang marasêpuh, punapadene saking paring dalêm, ewadene sugêngipun kalêbêt rêkaos, amargi dongèngipun ingkang sami anyumêrêpi Radèn Ngabèi Rônggawarsita wau botên nate anyipêngakên arta, sabên tampi arta saking ing pundi kemawon, têmtu namung kagêm sadintên, manawi tampinipun arta namung sakêdhik, kêrsanipun inggih alit, manawi tampinipun arta ragi kathah, kêrsanipun inggih lajêng agêng, têrkadhang mawi anabuh gôngsa, utawi anênanggap ugêr kenging kangge mêrgi angêdalakên arta.

Ngantos dangu Tuwan Pèdrik Wintêr botên pinarak dhumatêng ing Rônggawarsitan, amargi saking kathahipun pandamêlan ingkang kêdah karampungakên, sarêng pandamêlanipun sampun rampung lajêng èngêt dhatêng mitranipun, Radèn Ngabèi Rônggawarsita, amila [a...]

--- 2 : 120 ---

[...mila] Tuwan Pèdrik Wintêr kagungan karsa badhe pinarak dhumatêng ing Rônggawarsitan, ngiras pantês angaturakên wilujêng anggènipun mêntas kakarsakakên dados abdi dalêm kaliwon, sadumuginipun ing Rônggawarsitan, ing wêgdal wau Radèn Ngabèi Rônggawarsita sawêg aningali patamanan wontên ing wingking, sarta anênggani abdi ingkang kadhawuhan amêncar-mêncarakên pisang, ngiras kagêm anglêlipur panggalih, saking ing wêgdal wau sawêg pinuju rêkaos, ingkang dipun agêm nyamping lakên ijêm, singêpipun ingkang rayi Radèn Ayu Rônggawarsita, lajêng dipun sasabi angagêm rasukan Walandi saking dhasar lakên ingkang sakalangkung kandêl, saking anggènipun anyaosi angsal-angsal Tuwan Jansên nalika pêrlop dhatêng nagari Walandi, (bokmanawi ingkang nama opêryas) sajawining rasukan taksih mawi kasingêpan kamli ingkang wêrnènipun taksih enggal, dados manawi dipun tingali, agênging sarira ngantos kados rêmbêng, jêdhul, Tuwan Pèdrik Wintêr dhatêng, sarêng sampun kapanggih kalihan Radèn Ngabèi Rônggawarsita, lajêng nyuwun sêsêrêpan, punapa Radèn Ngabèi Rônggawarsita pinuju botên sakeca, dene wanci makatên têka taksih angagêm singêp, sarta angagêm rasukan arangkêp-rangkêp, Radèn Ngabèi Rônggawarsita amangsuli kalihan gumujêng, sarta lajêng anyariyosakên, tiyang Jawi punika taksih pitados sangêt dhatêng gugon tuhon, [tu...]

--- 2 : 121 ---

[...hon,] ugi taksih amigatosakên dhatêng sawabing angsar, pandangunipun Tuwan Pèdrik Wintêr punika botên lêpat, dêne wanci makatên sariranipun taksih aridhong-ridhong, pantês-pantêsipun panganggenipun tiyang sakit, ananging sariranipun waras-wiris botên sakit, wontênipun mangangge makatên punika, amargi sariranipun sawêg ananêm pisang, gêsanging pisang sagêda dêbogipun agêng sarêmbêng, kados wujuding sariranipun punika, pisang punika katitikanipun namung wontên ing dêbog, sabên dêbogipun agêng, warnènipun ijêm, kados wujuting nyamping ingkang dipun agêm punika, uwohipun badhe landhung, adamêl bingahipun ingkang nanêm, sagêd amurakabi dhatêng anak putu, wangsulan kados makatên wau Tuwan Pèdrik Wintêr panggalihipun kapranan sangêt, anggènipun gêgujêng ngantos kapingkêl-pingkêl, wasana Tuwan Pèdrik Wintêr lajêng dipun aturi lênggah ing panyêratan kados adat manawi rawuh, Radèn Ngabèi Rônggawarsita taksih lêstantun angagêm kados makatên wau.

Nalika Tuwan Pèdrik Wintêr taksih wontên ing patamanan, Radèn Ayu Rônggawarsita sampun apados-pados kangge angwontênakên pisêgah, dumadakan sintên kemawon ingkang dipun têba sami gampil, amila lajêng sagêd amirantos pisêgah kados adat manawi Tuwan Pèdrik Wintêr rawuh, makatên [ma...]

--- 2 : 122 ---

[...katên] ugi Tuwan Pèdrik Wintêr sampun botên kêkilapan dhatêng kawontênan ingkang sawêg dipun uningani, amargi saking kulinanipun, amila lajêng matur dhumatêng ingkang Bok Ayu Radèn Ayu Rônggawarsita, manawi kala wau dalu mêntas mênang kasukan wontên ing kamar bolah, amila ingkang bok ayu dipun caosi ujuran, matur makatên wau kalihan angrogoh wadhah arta ingkang kadèkèk wontên kanthonganing calana, lajêng kacaosakên dalah sakanthongipun, sarêng sampun dipun tampèni lajêng kapetang, isinipun awarni arta krêtas nyadasa rupiyah kathahipun 15 lêmbar, dados 150 rupiyah, Radên Ayu Rônggawarsita lajêng matur dhumatêng Tuwan Pèdrik Wintêr, angaturakên panuwun, akalihan matur pamênangipun Tuwan Pèdrik Wintêr punapa kathah sangêt, dene amaringi ujuran ngantos samantên kathahipun, Tuwan Pèdrik Wintêr amangsuli kathah, mila sagêd anyaosi ujuran ngantos samantên, dados nama sami bêkjanipun.

Radèn Ayu Rônggawarsita lajêng angobètakên pisêgah ingkang badhe kaladosakên, kathahing pisêgah botên susah karonce namanipun, Tuwan Pèdrik Wintêr ngantos gumun, dene anyêgah tiyang satunggal ngantos samantên kathahipun, dhasar Radèn Ayu Rônggawarsita wau satunggiling putri ingkang amumpuni dhatêng olah-olahan cara Walandi, sasampuning

--- 2 : 123 ---

bibar dhahar lajêng wangsul lalênggahan malih.

Salêbêtipun sami lêlênggahan, ingkang karêmbag bab anggènipun Tuwan Pèdrik Wintêr angadani ngarang Bausastra, Tuwan Pèdrik Wintêr angrumaosi anggèning kirang sampurna dhatêng têmbung Kawi, manawi Radèn Mas Arya Gôndakusuma pinuju pinarak dhumatêng griyanipun Tuwan Pèdrik Wintêr, kenging dipun ajak sarasehan, amargi panggalihipun gathekan.

Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng nyambêti, manawi Tuwan Pèdrik Wintêr kaparêng badhe dhèrèk ambiyantu, wangsulanipun Tuwan Pèdrik Wintêr sakalangkung bingah, sanès dintên baboning Bausastra badhe kaaturakên mariki, dados anggènipun amriksani sagêd satiti, sarta sabên dintên Akad Tuwan Pèdrik Wintêr sagêd ajêg pinarak dhumatêng ing Rônggawarsitan.

Tuwan Pèdrik Wintêr lajêng anglairakên karêntêging panggalihipun, saupami Radèn Ngabèi Rônggawarsita kapundhut kangjêng guprêmèn, kakarsakakên dados guru agêng têmbung Jawi, kapindhah dhumatêng nagari Walandi, kaparingan balônja sawulan 1000 rupiyah, wontên nagari Walandi kaparingan pondhokan kalayan lêlahanan, waragading lampah kasanggi saking kangjêng guprêmèn, tuwin kenging ambêkta garwa putra, manawi para putra ingkang badhe kabêkta wau sampun wontên ingkang wanci sakolah, ingkang badhe nyakolahakên kangjêng guprêmèn, wontên nagari Walandi

--- 2 : 124 ---

wau botên salamènipun, nanging mawi wêwangên, laminipun namung 12 taun, manawi sampun dumugi wêwangên kaparingan pènsiyun, kathahipun sapalihing balanjanipun, Radèn Ngabèi Rônggawarsita punapa kaparêng anglampahi, dene manawi wontên pakèwêding panggalih, amargi sampun dados abdi dalêm, punika badhe kasuwun dhatêng ingkang sinuhun.

Radèn Ngabèi Rônggawarsita sapandurat botên sagêd amangsuli, wasana lajêng matur dhumatêng Tuwan Pèdrik Wintêr kalayan angrêrêpa.

Katrêsnanipun Tuwan Pèdrik Wintêr dhumatêng sariranipun, sakalangkung agênging panuwunipun, saha pantês kapundhi salami-laminipun, namung sarèhning sapunika sariranipun wau sampun apangkat agêng, punika ingkang andadosakên pakèwêding panggalihipun, saupami kangjêng guprêmèn kalampahan nyuwun dhumatêng sampeyan dalêm ingkang sinuhun, saèstunipun sampeyan dalêm inggih amarêngakên, ananging ing wingking lajêng kadospundi, tumrap raos Jawi lajêng dipun wastani tiyang botên antêpan, wêwatêkan ingkang kados makatên punika, manawi tumrap kala jaman Mataram minggah, paukumanipun dipun pêjahi, anak putunipun kaburak saking bale griyanipun, sanadyan sapunika ukum makatên wau sampun botên kalampahan, ananging ing wingking anak putunipun lajêng botên pajêng suwita, kagalih turunipun [turu...]

--- 2 : 125 ---

[...nipun] tiyang botên antêpan, amila bab punika mugi sampun andadosakên cuwaning panggalihipun Tuwan Pèdrik Wintêr, manawi sariranipun piyambak botên sagêd anglampahi, ananging manawi kangjêng guprêmèn namung ambêtahakên dhatêng tiyang ingkang sagêd dhatêng têmbung Jawi, sariranipun sagah amadosakên, inggih punika ingkang rayi piyambak, nama Radèn Mas Puspawilaga mênggah kasagêdanipun dhatêng kasusastran Jawi, sampun botên beda kalihan sariranipun, saha sariranipun kadugi ananggêl.

Enggaling rêmbag sagêd kalampahan, Radèn Mas Puspawilaga saèstu kabêkta dhatêng nagari Walandi, ingkang ambêkta Tuwan Pèdrik Wintêr piyambak, katêtêpakên dados guru agêng têmbung Jawi, sarêng sampun jangkêp 12 taun, lajêng wangsul dhumatêng nagari Surakarta malih, sarta angsal pènsiyun sawulan 400 rupiyah.

Gêntos kacariyos, anuju satunggaling dintên, wanci ngajêngakên jam 6 enjing, Kenthol Martawijaya, ing dhusun Nusupan, sowan dhumatêng ing Rônggawarsitan, kalihan atawan-tawan tangis, sampun têmtu kemawon andadosakên kagèting panggalihipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sasampunipun sami lêlênggahan, Kenthol Martawijaya angaturi uninga, kala wau wanci jam 4 enjing, anakipun jalêr ingkang [ing...]

--- 2 : 126 ---

[...kang] nama Martadikara, namanipun alit Kenthol Sukardi, mantuk saking jagong lajêng karaos sakit, sakitipun wau sawêg dipun upakara lajêng tilar dunya, sarèhning kala gêsangipun dèrèng nate puruwita ngèlmi kasampurnan, amila parêng botên kaparênga, Radèn Ngabèi Rônggawarsita kasuwun rawuh dhumatêng ing Nusupan, parlu dipun aturi amaringi bêrkah dhumatêng anakipun ingkang sampun tilar dunya wau. Kala samantên Radèn Ngabèi Rônggawarsita inggih kaparêng amituruti, sanalika lajêng tindak dhumatêng ing dhusun Nusupan, kadhèrèkakên garwa putra sadaya.

Kenthol Martawijaya punika sudagar agêng ing dhusun Nusupan, ingkang sampun kaloka kasugihanipun, kalêrês sadhèrèk misanan kalihan Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sami buyutipun Kenthol Jantèn ing dhusun Nusupan, lajêng dados besan, anakipun èstri Kenthol Martawijaya, kapêndhêt mantu akalihan Radèn Ngabèi Rônggawarsita, kaangsalakên Radèn Mas Panji Ranakusuma, santana dalêm panjiranan.

Sarêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita sagarwa putra sampun dumugi griyanipun Kenthol Martawijaya ing dhusun Nusupan, lajêng anjujug dhumatêng ing griya kemawon, ing ngriku para kadang kadeyan, para tôngga têpalih ingkang sami anglayat sampun kêbak, semahipun ingkang tilar dunya tansah karômpa

--- 2 : 127 ---

ing sanak sadhèrèk, sakêdhap-sakêdhap dados pêtikan, makatên malih Nyai Martawijaya, anggènipun botên èngêt ngantos arambah-rambah, ramening tangis kados calapita dalah Kenthol Martawijaya kemawon dhatêngipun saking mêthuk Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ugi lajêng animbrung nangis, saking sangêtipun anggèning nangis, malah lajêng gêntos dados pêtikan, sarêng sampun sami èngêt, sadaya lajêng sami linggih satata, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng angandika dhatêng Kyai Martadikrama, kalêrês sadhèrèkipun jalêr Kenthol Martawijaya, sarta dados marasêpuhipun ingkang tilar dunya wau, makatên pangudaraosipun, tiyang tilar dunya punika manawi taksih kathah ingkang sami anangisi punika namanipun taksih karêjan, makatên malih patut-patutipun, utawi tata kraminipun, tiyang tilar dunya punika inggih kêdah dipun tangisi punapadene ingkang sami nglayat, sasagêd samia ngatingalna anggènipun abela sungkawa, ewadene kathah-kathahipun tiya,tiyang. salêbêtipun sami nglayat lajêng gêgujêngan kalihan kancanipun ingkang sami nglayat, mênggah ingkang makatên punika kalêbêt pêpetanganipun tiyang ingkang dèrèng sumêrêp dhatêng tata krami. Kyai Martadikrama namung matur kaluhuran, kalihan anyêmbah, Kenthol Martawijaya anyêlani atur, manawi kaparêng anakipun ingkang sampun atilar dunya, saèstu kasuwunakên [kasuwu...]

--- 2 : 128 ---

[...nakên] barkah, kenginga dipun angge sangu, saha sasampunipun lajêng badhe dipun sucèni, amargi pangruktining pasucèn sampun rampung, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng nyêlak dhatêng panggenaning mayit, sarta lajêng dhawuh lurubing mayit kadhawuhan ambikak, sarêng sampun kabikak, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng angêndika sêmu kagèt, Martadikara punika botên tilar dunya, sawêg tilêm kapati kemawon, cobi kasarantosakên sakêdhap, mangke sagêd tangi piyambak, para waris ingkang mirêng pangandikanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita ingkang kados makatên wau sadaya sami bingah, lajêng kapirêng wicantêning para waris ingkang sami badhe kaul, wontên ingkang badhe nyaosi arta pêthak satapas (manawi sapunika sakandhi 500 rupiyah) wontên ingkang badhe nyaosi bôngsa kêling sapêpakipun, Kyai Martadikrama inggih kaul, manawi mantunipun sagêd gêsang, gangsanipun ingkang nama Rarasati badhe dipun caosakên, sarêng swaraning pakaulanipun para waris sampun sami kèndêl, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng anyêlaki jisimipun Martadikara, tanganipun Martadikara ingkang dipun sidhakêpakên, kalih pisan lajêng dipun asta, patrapipun kados lare dolanan ancak-ancak ale, kainggahakên, kaandhapakên, rambah-rambah, dangu-dangu Martadikara lajêng sagêd wahing, sarta lajêng sagêd tangi piyambak, tuwin lajêng [la...]

--- 2 : 129 ---

[...jêng] pulih kados sauni-uni, sarêng Martadikara sampun sagêd gêsang malih, tiyang salêbêting griya ramenipun kados gabah dipun intêri, kabarung tangising kadang warga ingkang sami bêbêg angandhut kabingahan, ngantos adamêl kagètipun ingkang sami lêlinggihan wontên ing pandhapi, angintên bilih salêbêting griya wontên bêncana, para sanak sadhèrèk ingkang sami wontên ing jawi, sami pating garubyuk lumêbêt ing griya, sarêng sampun sami dumugi ing griya, wasana sadaya lajêng sami anjêngêr, sasirnaning kasusahan lajêng malik dados kabingahan, Nyai Martawijaya akèn anata dhahar wontên sangajênging krobongan, sarta wontên satêngahing pandhapi, sarêng panatanipun dhahar sampun rampung, Radèn Ngabèi Rônggawarsita sagarwa putra lajêng sami dipun aturi dhahar, para santana ing Nusupan jalêr èstri, sami kadhawuhan dhèrèk dhahar, ingkang sanès santana sami anêdha wontên ing pandhapi, salêbêtipun nêdha sambènipun namung gêgujêngan, ingkang sami nêdha ing griya ingkang adamêl gumujêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita anggarapi anggènipun nangis Kenthol Martawijaya kala wau, salêbêtipun botên èngêt, sarêng dipun gula wênthah dening bok ênèm, têka sagêd nyambi angujiwat, ingkang sami andhèrèk nêdha lajêng sami gumuyu ambata rêbah, Nyai Martawijaya sêpuh lajêng matur, anggènipun Kenthol Martawijaya botên èngêt punika wau, punapa tansah [ta...]

--- 2 : 130 ---

[...nsah] dipun pariksani kemawon, dene uninga dhatêng tiyang ingkang sampun satêngah pêjah sagêd angujiwat dhatêng bok ênèm, aturipun Nyai Martawijaya ingkang makatên wau anambahi adamêl kaprananipun ingkang sami mirêng, ingkang wontên salêbêting griya anggènipun sami gumujêng botên kenging dipun ampêt, Kenthol Martawijaya ngantos thêlêg-thêlêg.

Sarêng sampun rampung anggènipun dhahar, sêkul ulam lajêng kaundurakên sadaya, ingkang sami mêntas dhahar lajêng wangsul dhatêng palênggahan utawi palinggihanipun malih, Kenthol Martawijaya saanak semahipun, sakulawarganipun, lajêng sami satata ngadhêp Radèn Ngabèi Rônggawarsita.

Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng aparing dhawuh dhumatêng para kadang warga ingkang sami ngadhêp sadaya, sarèhning sampun botên wontên sakara-kara, Radèn Ngabèi Rônggawarsita mundhut pamit badhe kondur, para sêntana ing Nusupan sadaya sami nyandhêt sampun ngantos kondur sapunika, dipun aturi nyare saking sapêkên, ananging Radèn Ngabèi Rônggawarsita botên karsa, wasana sadaya namung sami anyumanggakakên, Nyai Martawijaya lajêng angrukti ingkang kaaturakên kagêm angsal-angsal, sêkul ulam pintên-pintên panjangilang, tumpêngipun kalih agêngipun sadandang-dandang, tumpêng kalih wau ing ngandhap sami dipun krowoki, kangge anutupi anggènipun [anggèni...]

--- 2 : 131 ---

[...pun] anyaosi yatra pêthak kalih tapas, kathahipun sèwu rupiyah, anakipun jalêr Kyai Martadikrama, kalih pisan sami kapurih andhèrèkakên dumugi ing Rônggawarsitan, anglampahakên baitanipun Kyai Martadikrama nama pun Naga, ingkang badhe dipun titihi Radèn Ngabèi Rônggawarsita sagarwa putra, tindakipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita saking Nusupan sampun kèndêl jam 3 siyang, dumugi Rônggawarsitan sampun kèndêl jam 5 sontên, angsal-angsalipun sêkul ulam lajêng kabage waradin dhatêng para sanak sadhèrèk, angsal-angsalipun saking Nyai Martawijaya ingkang kasingidakên wontên sangandhaping tumpêng, sampun lajêng dipun caosakên dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, andadosakên bingahing panggalih, ingkang satapas lajêng kadhawuhan maringakên dhumatêng para putra sarta para abdi ingkang sami andhèrèk, sarta ingkang sami atêngga dalêm, ingkang satapas badhe wontên karsanipun, nanging botên dipun pangandikakakên.

Sapêngkêripun Radèn Ngabèi Rônggawarsita saking dhusun Nusupan, tular-tumularing pawartos, lajêng kasusra bilih Radèn Ngabèi Rônggawarsita sagêd anggêsangakên tiyang pêjah, sumêbaring pawartos ingkang kados makatên wau, anjalari kathahipun para tiyang ingkang sami sowan dhumatêng Rônggawarsitan, sami nyuwun jêjampi anyuwun sanès-sanèsipun.

--- 2 : 132 ---

Sanès dintên Kenthol Martawijaya saanak semahipun, Kyai Martadikrama ugi saanak semahipun, sami sowan dhumatêng ing Rônggawarsitan, parlu angaturakên panyuwun sarta badhe angluwari karêntêging manah ingkang sampun kawêdal ing wicantên, sumêdya angabdi saanak semahipun sadaya, anggènipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun agêsangakênanggêsangakên. dhumatêng anakipun ingkang sampun tilar dunya, sarta prasêtya, Kenthol Martawijaya sarta Kyai Martadikrama, ing salamènipun gêsang badhe botên kasupèn dhatêng kasaenanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, punapadene sowanipun punika, angaturakên tôndha katrêsnan awarni sêmbêt-sêmbêt, cindhe sêkar cindhe cakar sapêpakipun, sinjang polos, sinjang limar, sinjang gunung guntur, sapêpakipun, paningsêt dringin, paningsêt sarêm sawuku ugi sapêpakipun (sadaya wau sami wêdalan saking kitha Grêsik, damêlanipun Nyai Modin ingkang sampun misuwur alus garapanipun, manawi dipun kêrta aji botên sagêd kirang saking pangaos 1000 rupiyah) Kyai Martadikrama lajêng matur, nalika samantên ugi gadhah kaul, samôngsa anakipun mantu sagêd gêsang sayêktos, gangsanipun nama Rarasati badhe dipun caosakên, sarèhning dumugi sapunika sagêd lêstantun gêsang, amila sapunika badhe dipun caosakên, benjing punapa anggènipun [anggènipu...]

--- 2 : 133 ---

[...n] utusan mundhut.

Dhawuhipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, mênggah sih katrêsnanipun Kenthol Martawijaya, sakulawarganipun sadaya, sarta sih katrêsnanipun Kyai Martadikrama, sarèhning sadaya wau kangge angluwari punagi amila sami wajib dipun tampèni kalayan rênaning panggalih, dene gôngsa pun Rarasati inggih ugi dipun tampèni, anamung sarèhning sariranipun dèrèng adamêl gêdhong kangge wadhah gôngsa, sapunika taksih katitipakên dhumatêng Kyai Martadikrama kemawon rumiyin, samôngsa-môngsa sampun kagungan gêdhong gôngsa kemawon badhe kapundhut.

Radèn Ngabèi Rônggawarsita sakalihan ingkang garwa, sami angalêmbana balabaning besanipun, punapadene dhatêng Kyai Martadikrama, amila pangraosing panggalih barang-barang samantên wau têtêp saking paringipun Ingkang Kuwaos, ingkang dipun kaparêngakên dados lantaran, Kenthol Martawijaya, kalih Kyai Martadikrama.

Kenthol Martawijaya sakulawarganipun sadaya anggènipun angabdi sami dipun têtêpi sadintên muput, punapa sadamêl-damêlipun caraning angabdi sami dipun lampahi sadaya, kosok wangsulipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita sakalihan, anggènipun anyuba-nyuba ngantos langkung samêsthinipun, saking saening pisêgahipun, manawi dipun agêm kagungan damêl alit-alitan [alit-ali...]

--- 2 : 134 ---

[...tan] kemawon pantês, sarêng sampun wanci jam 6 sontên, sadaya wau lajêng sami nyuwun pamit badhe mantuk, Radèn Ngabèi Rônggawarsita sakalihan inggih anglilani, sarta lajêng sami anguntapakên dumugi ing palataran.

Sarêng sampun kèndêl jam 7 sontên, ingkang êmbah Radèn Ngabèi Yasadipura kaping III (Radèn Tumênggung Yasadipura), Radèn Ngabèi Rêksadipura (Radèn Tumênggung Amongpraja, ingkang ing ngajêng asma Radèn Bagus Tundha) sarta ingkang raka Radèn Ngabèi Wirayuda (Radèn Tumênggung Prawiradipura), tuwin para rama alit para rama nak dhèrèk, sadaya sami dipun aturi dhumatêng ing Rônggawarsitan, sarêng sampun sami rawuh lajêng sami dipun aturi ngêpang hajat kêndhurèn, ingkang dipun aturi andongani Kyai Ngabèi Imanpura, ingkang dipun kondangakên inggih angsal-angsalipun Kenthol Martwijaya wau, sarêng sampun rampung anggènipun andongani, ingkang sami angêpang hajat wau lajêng sami dipun aturi mundhut barang-barang pisungsung sakaparêngipun piyambak-piyambak, sadaya wau sarèhning sampun sami kulina dhatêng panggalihanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, amila sadaya botên wontên ingkang sami pakèwêd, tirahanipun lajêng kaparingakên garwa putra, malah Radèn Ngabèi Rônggawarsita piyambak satunggal kemawon botên ngagêm (oman).

--- 2 : 135 ---

Sadaya wau sasampunipun rampung pambagenipun hajat, lajêng sami dipun aturi dhahar, sabibaripun dhahar lajêng andumugèkakên lêlênggahan ngantos dumugi bangun enjing sawêg sami kondur.

Amarêngi ing taun Je 1774 Radèn Mas Arya Gôndakusuma ing Mangkunagaran, amartuwi ingkang saudara Tuwan Pèdrik Wintêr, amargi anggèning apawongmitran supêkêtipun sampun kados sadhèrèk piyampak, dados ing sawanci-wanci rawuh botên susah mawi cêcala, sarta sanadyan rawuhipun wau sampun lungse wancinipun amara tamu, Tuwan Pèdrik Wintêr anggènipun anampèni kalayan dhangan ing panggalih, dados sakalihan panggalihipun sami cocog utawi roroning atunggil, sadangunipun sami lêlênggahan Tuwan Pèdrik Wintêr anguningakakên anggènipun angarang Bausastra Kawi sasampunipun kawaos, Radèn Mas Arya Gôndakusuma angunandika anggènipun Tuwan Pèdrik Wintêr paham dhatêng têmbung Jawi, dhatêng rimbag-rimbag sapanunggilanipun, punapadene sagêdipun dhatêng têmbung Kawi, sampun botên beda kalihan para pujôngga, Tuwan Pèdrik Wintêr lajêng gumujêng, Radèn Mas Arya Gôndakusuma kagalih angonggrong, Radèn Mas Arya Gôndakusuma akipa-kipa, botên pisan-pisan angonggrong, amargi sariranipun punika rumaosing panggalih botên beda [be...]

--- 2 : 136 ---

[...da] kalihan sadhèrèk piyambak, dados anggènipun angalêmbana dhumatêng Tuwan Pèdrik Wintêr punika wau namung matur salugunipun kemawon, sarta kapiritakên sariranipun piyambak, sanadyan sariranipun punika ewonipun rêmên ipil-ipil, ananging angrumaosi dèrèng paja-paja mèmpêr kalihan Tuwan Pèdrik Wintêr, taksih paribasan bumi kalihan langit, amila anggèning sariranipun ipil-ipil têmbung Kawi sapikangsalipun, pintên banggi sagêd ngarang-ngarang kados tuwan Pèdrik Wintêr. Wangsulanipun Tuwan Pèdrik Wintêr kalayan cêkak aos, sokur manawi makatên, Radèn Mas Arya Gôndakusuma anggènipun ngêndika kalajêngakên, anamung saupami sariranipun kasêmbadan sagêd angarang sêrat-sêrat, tujuning panggalihipun ingkang dipun rêmêni angarang sêrat ingkang mawi sêkar, Tuwan Pèdrik Wintêr inggih nayogyani ingkang dados kaparêngipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma wau, ananging ingkang parlu piyambak, tiyang ngarang sêrat punika sagêda karanganipun dipun ajêngi dening tiyang kathah, malah pamanggihipun Tuwan Pèdrik Wintêr, sêrat-sêrat Babad Tanah Jawi ingkang sampun rinêngga mawi sêkar, sêrat Babad Majapait, sêrat Babad Dêmak, ngantos dumugi sêrat Babad Kartasura, ingkang sampun dipun uningani para pujôngga jaman kina, anggèning anyêkarakên namung guru sakacêpêngipun kemawon, ugêr pêpetanganing wanda sagêd jangkêp, dados botên [bo...]

--- 2 : 137 ---

[...tên] angangge pêpathokaning guru lagu, amila pangraosing panggalihipun Tuwan Pèdrik Wintêr, sêrat-sêrat babad wau pakêcapaning pamaos, ragi kithal, malah têtêmbunganipun pisan, manawi dipun satitèkakên kathah ingkang anêmpuh butuh, ananging sarèhning sampun dipun ajêngi dening tiyang kathah, inggih lajêng dados sae. Radèn Mas Arya Gôndakusuma rumaos botên sagêd anginggahi dhatêng sêsêrêpanipun Tuwan Pèdrik Wintêr, pancèn panggalihipun lantip saha sumrambah.

Lajêngipun wontên jilid 3.