Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Rônggawarsita, Kumite Rônggawarsitan, 1931-33, #184 (Jilid 3)

Katalog:Babad Rônggawarsita, Kumite Rônggawarsitan, 1931-33, #184
Sambung:
1.Babad Rônggawarsita, Kumite Rônggawarsitan, 1931-33, #184 (Jilid 1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #128.
2.Babad Rônggawarsita, Kumite Rônggawarsitan, 1931-33, #184 (Jilid 2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #191.
3.Babad Rônggawarsita, Kumite Rônggawarsitan, 1931-33, #184 (Jilid 3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #192.

Lelampahanipun R. Ng. Ranggawarsita

Pujangga Karaton ing Surakarta

Jilid III

--- 3 : 0 ---

Sêrat Babad Cariyos Lêlampahanipun Suwargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita

Pujôngga Agêng ing Nagari Surakarta Adiningrat

Jilid III

Kawêdalakên dening Kumite Rônggawarsitan

Kacithak dhatêng Elêktris Drikêrèi Marês Surakarta

Taun 1933

--- 3 : 1 ---

Tuwan Pèdrik Wintêr angancaraniangacarani (dan di tempat lain). ngunjuk wedang saha êsês srutu, sêsambènipun andumugèkakên ngrêmbag têmbung Kawi sapikangsalipun, sariranipun prasaja tuwin angrumaosi, satêmênipun sagêdipun ragi mangrêtos dhatêng têmbung Jawi tuwin dhatêng têmbung Kawi punika, saking anggènipun talatos kêrêp sarasehan kalihan Radèn Ngabèi Rônggawarsita, kaliwon kadipatèn anom, saha abdi dalêm pujôngga ingkang sampun misuwur babagan kawruh lair batos, Tuwan Pèdrik Wintêr nglajêngakên matur dhumatêng Radèn Mas Arya Gôndakusuma, punapa sariranipun sampun têpang kalihan Radèn Ngabèi Rônggawarsita, manawi sampun têpang sukur. Tuwan Pèdrik Wintêr lajêng ngalêmbana dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pitêpanganipun gampil, dhatêng tamu gapyak, sumanak, kumrakêt, panggalihanipun limrah, ngêblak, malah kenging dipun wastani priyantun brèh wèh, samukawis ingkang dipun têmbung dening mitranipun botên nate suwala, kasagêdanipun sumrambah, pangandikanipun pratitis, radi kaduk cucut, namung kuciwanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita punika malarat.

Radèn Mas Arya Gôndakusuma amangsuli manawi dèrèng têpang, nanging sariranipun sampun mirêng manawi Radèn Ngabèi Rônggawarsita punika kawêntar tiyang sagêd, malah sariranipun mirêng sagêd anggêsangakên tiyang sampun pêjah, nanging sariranipun dèrèng [dè...]

--- 3 : 2 ---

[...rèng] têpang, bilih namung srawungan kemawon sampun rambah-rambah wontên nglêbêt kraton, wontên Mangkunagaran. Radèn Mas Arya Gôndakusuma lajêng nêrangakên dhatêng Tuwan Pèdrik Wintêr, manawi Radèn Ngabèi Rônggawarsita punika garwanipun buyut dalêm kaping: III, putranipun Kangjêng Pangeran Adipati Cakraningrat, bupati ing Kadhiri, ingkang garwa wau kalihan sariranipun sadhèrèk misanan, sami buyut dalêm kaping: III, nanging sêpuh sariranipun, Radèn Ayu Rônggawarsita wau wayah Ngabeyan, sariranipun wayahipun Kangjêng Ratu Alit, sami putra suwargan.

Tuwan Pèdrik Wintêr gumun sangêt, dene Radèn Mas Arya Gôndakusuma dèrèng têpang kalihan Radèn Ngabèi Rônggawarsita, amila lajêng matur, saupami katêpangakên sariranipun punapa kaparêng.

Radèn Mas Arya Gôndakusuma, amangsuli bingah sangêt, benjing punapa anggènipun anglarapakên, sariranipun namung andhèrèk, Tuwan Pèdrik Wintêr mangsuli, manawi kaparêng sapunika kemawon, mupung taksih sontên, kalêrêsan nuju môngsa têrang, malêm tanggal kaping: 12, rêmbulanipun sampun agêng, mangke sagêd jênak anggènipun lêlênggahan, kondur dalon-dalon botên dados punapa, Radèn Mas Arya Gôndakusuma inggih lajêng anyondhongi.

--- 3 : 3 ---

Tuwan Pèdrik Wintêr lajêng animbali abdinipun nama Saridin, kadhawuhan dhumatêng ing Rônggawarsitan, angaturakên konyak sabotol, srutu manila sapêthi, kêbak saêblèg, sarta kadhawuhan matur, mangke sakêdhap malih sariranipun badhe pinarak, kalihan ambêkta tamu saking Mangkunagaran, asmanipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma, aturipun Sidin sêndika, namung manawi kaparêng sarèhning mangke Tuwan Pèdrik Wintêr nitih kareta, abdinipun Bêndara Radèn Mas Arya Gôndakusuma pun Penjol, kalih pun Karana, badhe dipun ajak rumiyin, ngiras angrencangi pambêktanipun barang punika, dhawuhipun Tuwan Pèdrik Wintêr sampun kaparêng, tiyang tiga lajêng sami mangkat, kalêrêsan ing wêgdal wau Radèn Ngabèi Rônggawarsita sawêg lêlênggahan wontên sakilèn dalêm, sakalihan ingkang garwa, sinambi mariksani patamanan, ngiras mariksani iyasanipun pamêjangan, ingkang kaprênahakên wontên sakilènipun dalêm, dados anggènipun lêlênggahan punika kaprênah wontên sawetaning pamêjangan cakêt, punapadene ngiras angenggali kursi anggènipun amaringi Kangjêng Tuwan Residhèn Hèndrik Magilapri, jêdhul, Sidin dhatêng, ambêkta rencang pun Penjol, pun Karana, lajêng matur punapa kawontênaning anggènipun kautus, sampun kaaturakên sadaya, Radèn Ngabèi Rônggawarsita sakalangkung bingah, paringipun Tuwan Pèdrik Wintêr wau sami kadhawuhan [kadha...]

--- 3 : 4 ---

[...wuhan] andèkèkakên wontên sanginggiling meja, sarta lajêng dhawuh dhumatêng ingkang garwa, kadhawuhan anyêpakakên gêlas alit tiga, tuwin kadhawuhan angrukti pisêgah kados adat, sarèhning punika mangke anggènipun sami lêlênggahan badhe dangu, amila kadhawuhan anyêgah dhahar, nanging cêkap kasêkulakên liwêt kemawon, ulamipun sawung kabiri, amiliha ingkang sampun ragi anggajih. Dèrèng ngantos dumugi anggènipun adhawuh-dhawuh dhumatêng ingkang rayi, jêdhul, katungka rawuhipun Tuwan Pèdrik Wintêr, kalihan Radèn Mas Arya Gôndakusuma, Radèn Ngabèi Rônggawarsita amapagakên kalayan padhanging pasuryan tuwin sakalangkung anaraga,anoraga. lajêng sami dipun ancarani lênggah ing kursi, Tuwan Pèdrik Wintêr sadèrèngipun lênggah, mawi angiling-ilingi kursi ingkang badhe dipun lênggahi wau, kalihan matur, kursi punika pundhutan saking pundi, dene sae têmên, gagragipun anyar, wêrninipun bagus, èmpêripun kados damêlan tukang Walandi, mirit saening garapanipun, kados wêdalan saking Samarang, Radèn Ngabèi Rônggawarsita matur kalihan sêmu gumujêng, anggènipun maringi Kangjêng Tuwan Residhèn Hèndrik Magilapri, sawêg kala wau siyang, mila kursi punika kalihan sariranipun, saupami pangantèn makatên sawêg posah-pasihan, Radèn Mas Arya Gôndakusuma anyambêti, sok makatêna nama sami kalêrêsanipun [kalêrêsani...]

--- 3 : 5 ---

[...pun] anggènipun sami pinarak mariki punika parlunipun badhe anganyari lênggah kursi enggal, prayagung tiga lajêng sami gumujêng sêsarêngan, kalayan sami amapan lênggah.

Tuwan Pèdrik Wintêr lajêng anêpangakên Radèn Mas Arya Gôndakusuma, kalihan Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sasampunasasampuning. katêpangakên lajêng sami sêsalaman, sarampunging sêsalaman, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng ngaras rambah kaping tiga, kados sêmbahing abdi dalêm dhatêng panjênêngan dalêm nata, Radèn Mas Arya Gôndakusuma akipa-kipa, botên kaparêng nampèni sêmbahipun Radèn Ngabèi Rôgawarsita,Rônggawarsita. nanging Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng matur, anggènipun ngaras punika sampun lêrêsipun, sarta sampun rinilan ingkang adamêl gêsang, Radèn Mas Arya Gôndakusuma dèrèng tampi aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita wau, nanging namung kacathêt wontên salêbêting panggalih kemawon.

Radèn Ayu Rônggawarsita lajêng mêdal, angirit abdi ingkang ambêkta patehan, sarta ingkang ambêkta dhaharan, sadaya lajêng sami dipun ladosi wedang, gêlasipun lajêng dipun ilingi konyak, ugi lajêng dipun ladosakên, dhaharan pisêgahipun Radèn Ayu Rônggawarsita, lajêng dipun ancarakakên, para tamu lajêng sami matur nuwun, sarta lajêng sami kadhahar, Radèn Ayu Rônggawarsita inggih lajêng dhèrèk amanggihi pisan, [pi...]

--- 3 : 6 ---

[...san,] Radèn Mas Arya Gôndakusuma krami adhi ajêng, dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita krami adhi.

Anggènipun lêlênggahan katingal sami jênak, ingkang dipun pangandikakakên dèrèng sami angambah babagan ingkang prêlu-prêlu, namung sami gêgujêngan kemawon, sêsambènipun ngunjuk wedang, dhahar dhêdhaharan sakaparêngipun, salunthinganipun sami sêsarêngan angunjuk konyak, utawi êsês srutu.

Radèn Mas Arya Gôndakusuma mundhut sumêrêp dhumatêng ingkang rayi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, yuswanipun sapunika sampun pintên taun, aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun: 46 taun, Radèn Mas Arya Gôndakusuma lajêng angêndika, sok makatêna wontên taun Be ôngka: 1728, Radèn Ngabèi Rônggawarsita aturipun lêrês.

Radèn Mas Arya Gôndakusuma andumugèkakên ngêndika, dados kaot: 10 taun, kalihan sariranipun, sêpuh Radèn Ngabèi Rônggawarsita. Sariranipun wontên taun Jimakir ôngka 1738, Tuwan Pèdrik Wintêr anyambêti sariranipun kalihan Radèn Mas Arya Gôndakusuma namung kaot kalih taun, sêpuh Tuwan Pèdrik Wintêr, manawi sariranipun wontên taun Be 1736, manawi taun Walandi 1805.

Radèn Mas Arya Gôndakusuma anyêlani atur, sariranipun asring mirêng ingkang asma Pangeran Karanggayam, punika punapa inggih [ing...]

--- 3 : 7 ---

[...gih] lêrês pujôngga ing karaton Pajang, sarta asma wau kabêkta saking anggènipun dêdalêm, punapa pancèn asmanipun Karanggayam, sarta punapa inggih sagêd anêrahakên para pujôngga dumugi sapunika, tuwin sumarenipun wontên ing pundi. Punapa inggih wontên ing Karanggayam wau.

Aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, Pangeran Karanggayam punika kabêkta anggènipun dêdalêm wontên ing dhusun Karanggayam, asmanipun ingkang lugu Pangeran Tumênggung Sujanapura, sarêng sampun rèrèh lajêng dêdalêm wontên ing dhusun Karanggayam, lajêng katêlah asma Pangeran Karanggayam, tuwin inggih anêrahakên dumugi sariranipun sawêg turun kaping: 8, têturutanipun makatên:

Pangeran Tumênggung Sujanapura, ingkang adêdalêm ing Karanggayam, abdi dalêm pujôngga ing nagari Pajang, sarêng seda sumare ing dhusun Palar, pêputra Radèn Tumênggung Wôngsabaya, Bupati Mataram, lajêng pêputra Kyai Agêng Wanabaya, lajêng pêputra Kyai Agêng Nayamênggala, ing Palar, lajêng pêputra Kyai Agêng Nayatruna ing Palar, lajêng asma Ngabèi Sudiradirja, punika ingkang kacariyos amumpuni dhatêng mardawa lagu, tuwin lagon-lagoning sêkar Macapat, lajêng pêputra Ngabèi Sudiradirja kaping: II, ingkang karan Sudiradirja Gantang lajêng anganakakên ingkang ibu, Nyai Ajêng Rônggawarsita, lajêng angwontênakên Radèn Ngabèi Rônggawarsita.

--- 3 : 8 ---

Tuwan Pèdrik Wintêr anyambêti, turun kaping: 8 wau manawi pêpetangan Jawi namanipun punapa.

Radèn Mas Arya Gôndakusuma anyambêti, manawi botên kalèntu turun kaping: 8 wau dipun wastani: gropak senthe, utawi gupak senthe, bokmanawi pikajêngipun ingkang adamêl saloka, tiyang gupak senthe makatên raosipun gatêl, sanadyan dipun wisuhana rambah kaping: 8 nanging tabêting gatêl tasih kemawon, kosok wangsulipun turun kaping: 8 punika inggih taksih katingal, amargi taksih wontên pêpetanganipun.

Tuwan Pèdrik Wintêr nyuwun sêsêrêpan dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, wiwit karaton Pajang, dumugi karaton Surakarta, punika sampun wontên pujôngga rambah kaping pintên.

Radèn Ngabèi Rônggawarsita amangsuli, manawi botên kalèntu sawêg wontên: 14 pujôngga, Radèn Ngabèi Rônggawarsita ingkang ametang, Tuwan Pèdrik Wintêr ingkang nyêrati: 1. Pangeran Tumênggung Sujanapura, ingkang dêdalêm ing Karanggayam, katêlah asma Pangeran Karanggayam. 2. Ngabèi Dhadhap Tulis. 3. Tumênggung Jayaprana. 4. Tumênggung Sujanapura. 5. Tumênggung Surawadi. 6. Ngabèi Saralathi. 7. Ngabèi Wirasastra. 8. Kyai Agêng Buyut. 9. Tumênggung Janur. 10. Tumênggung Tirtawiguna. 11. Pangeran Wijil. 12. Pangeran Sastrawijaya. [Sastrawija...]

--- 3 : 9 ---

[...ya.] 13. Radèn Ngabèi Yasadipura sapisan. 14. Radèn Tumênggung Sastranagara. Ingkang sêsêbutanipun pangeran sarta ingkang sêsêbutanipun tumênggung, punika pangkat pilênggahipun dados bupati, ingkang sêsêbutan kyai sarta ingkang sêsêbutanipun ngabèi, punika pangkat pilênggahipun dados kaliwon.

Tuwan Pèdrik Wintêr anyambêti, punapa dèrèng dumugi ôngka: 15, ngêndika makatên wau kalihan mèsêm, Radèn Mas Arya Gôndakusuma inggih ugi gumujêng.

Radèn Ngabèi Rônggawarsita matur ingkang ôngka 15 inggih wontên, nanging dèrèng kenging kawêdharakên, namung gumantung wontên ingkang amastani.

Prayagung tiga wau anggènipun lêlênggahan kawistara sami sênêng panggalihipun, sanadyan sampun wanci bangun enjing, ewadene botên wontên ingkang angraosakên sayah, sarêng Tuwan Pèdrik Wintêr amariksani kagunganipun jam, malah sampun kèndêl jam: 4 enjing amila prayagung sakalihan lajêng sami nyuwun pamit badhe ngaso, Radèn Ngabèi Rônggawarsita anyumanggakakên, malah lajêng andhèrèkakên dumugi ing lèpèn Bathangan.

Kala samantên Radèn Mas Arya Gôndakusuma, dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita supêkêtipun aparibasan, satu mungging rimbagan, sakalihan sampun sami angicalakên pakèwêding [pakè...]

--- 3 : 10 ---

[...wêding] panggalih, dene anggènipun puruwita kasusastran Jawi, têmbung Kawi sarta pêpathokaning anyêkarakên, saengga sampun kacakup sadaya, amila Radèn Mas Arya Gôndakusuma wau mênggah kamursidaning panggalih dhatêng kasusastran, sampun sairib kalihan para pujôngga, malah Tuwan Pèdrik Wintêr lajêng angrumaosi kawon sagêd.

Satunggiling dintên, amarêngi ing dintên Jumuwah wanci jam: 9 enjing, Radèn Mas Arya Gôndakusuma, pinarak dhumatêng ing Rônggawarsitan, ingkang andhèrèkakên namung abdi panakawan kalih, satunggal pun Karana, kalih pun Penjol, ing wêgdal wau Radèn Ngabèi Rônggawarsita sawêg lênggah wontên ing panyêratan gadri kilèn, Radèn Mas Arya Gôndakusuma lajêng dipun aturi dhumatêng ing panyêratan kemawon.

Botên dangu Radèn Ayu Rônggawarsita angirit abdi angladosakên pangunjukan wedang, tuwin dhaharan punapa sawontênipun, ngiras andhèrèk manggihi pisan, sasampuning sami angunjuk wedang, Radèn Ayu Rônggawarsita lajêng lumêbêt ing dalêm, angrukti dhahar ingkang badhe kaladosakên samôngsa sampun wanci dhahar, Radèn Mas Arya Gôndakusuma anglairakên karêntêging panggalih dhumatêng ingkang rayi Radèn Ngabèi Rônggawarsita. Sariranipun kapengin sangêt sagêda jumênêng pangeran, ingkang supados sagêd amurakabi dhumatêng para putra sadaya, (satêmênipun [(satê...]

--- 3 : 11 ---

[...mênipun] anggèning anglairakên karêntêging panggalih ingkang kados makatên wau, ngiras kagêm anyobi dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ingkang panggalihipun sampun kalokèngrat manawi sidik, sagêd sumêrêp sadèrèngipun winarah), Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng matur kalihan gumujêng. Kaparêngipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma ingkang kadhawuhakên punika wau têmtu sagêd kalampahan, ananging sapunika dèrèng kala mangsanipun, sarta wêgdal punika Radèn Mas Arya Gôndakusuma sawêg kacobi akalihan ingkang amurbèng dumados, sadaya kawontênan ingkang dipun uningani, botên wontên ingkang cocog kalihan raosing panggalihipun, paribasan, sawêg ancik-ancik wontên pucuking wangkingan, manawi kirang ngatos-atos, sagêd ugi adamêl tiwas, mênggah kawontênan ingkang dipun aturakên sadaya wau kêdah dipun tampèni kalayan sukaning panggalih, amargi sadaya panjangkah punika manawi badhe kadumugèn, têmtu kathah cobinipun, manawi jangkahipun wiyar, cobinipun inggih agêng, ananging cobi ingkang kadhawahakên dhatêng tiyang ingkang badhe kadumugèn jangkahipun, sajatosipun botên dados punapa, utawi botên tumama, amargi ingkang cinobi wau pancèn rinêksa sangêt dening ingkang adamêl gêsang, dados namung dumunung wontên ing karsa, botên sagêd angewahakên dhatêng kuwaosipun ingkang Maha [Ma...]

--- 3 : 12 ---

[...ha] Kuwasa, manawi anguningani kawontênan ingkang sawêg dipun tindaki, Radèn Mas Arya Gôndakusuma wau paribasan damêl biting kemawon rêkaos kalampahanipun, ananging manawi sampun kala mangsanipun, anggènipun ngêndika makatên wau kalihan mandêng pasuryanipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma (cobi kayêktosana benjing taun Jimawal 1781) môngka wêgdal pêpanggihan wau amarêngi wulan Rabingulakir taun Be 1776, dados kirang 5 taun (kaparêngipun ingkang Amurbèng Jagad, Radèn Mas Arya Gôndakusuma botên namung sagêd jumênêng pangeran kemawon, nanging malah sagêd adamêl pangeran, sarta sinêmbah ing pangeran, atur makatên wau, sanadyan sagêd angibahakên panggalihipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma, ananging sajak botên katingal bêbêg, amargi pangandikanipun wau, sawarni kados dene taksih cangkriman, utawi dèrèng ngêblak, sanadyan ingkang dipun pangandikakakên wau, sampun mangrêtos sadaya, nanging raosing panggalih taksih sêmang-sêmang, dados malah rewa-rewa botên mangrêtos babar pisan, amila lajêng matur, sarèhning ingkang kadhawuhakên punika wau panggalihipun dèrèng sagêd tampi, supados sampun ngantos katagêlan,katanggêlan. mugi kaparênga amêdharakên ingkang sajati dados raosing panggalih botên rangu-rangu, sukur bage sèwu sagêd damêl pamarêming panggalih.

--- 3 : 13 ---

Sarêng makatên Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng amêdharakên pangandika kalihan wêwèntèhan, mênggah wosing aturipun punika wau, Radèn Mas Arya Gôndakusuma, badhe sagêd jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4 anggêntosi panjênênganipun ingkang raka Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 3, kalampahanipun kados ingkang kaaturakên punika wau. Radèn Mas Arya Gôndakusuma sarêng mirêng pamêdhar sabda sajati kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, sapandurat botên sagêd amangsuli, pasuryanipun ngantos katingal pucêt, astanipun kalih pisan gêtêr andharêdhêg, wasana lajêng angrangkul lungayanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, kalihan angandika, manawi pamêcanipun Sang Dwijawara wau kapara yêktos. Radèn Mas Arya Gôndakusuma aprasêtya, salaminipun badhe botên kasupèn dhumatêng ingkang rayi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sarta kaanggêp sadhèrèk ingkang sinarawèdi, tuwin sasugêngipun badhe aparing pitulungan ingkang dados karibêtaning panggalih, punapadene ing têmbe manawi Radèn Ngabèi Rônggawarsita seda rumiyin, sariranipun kaparêng amaringi sarananing wasana sacêkapipun, makatên malih aparing pitulungan têdha dhumatêng para putra ingkang sami katilar sapantêsipun.

Kacariyos, pangandikanipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma, [Gôndakusu...]

--- 3 : 14 ---

[...ma,] kasêbut ing nginggil wau sadaya sagêd nêtês, sarêng sampun sagêd kalampahan jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4, pêparingipun dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, kenging dipun upamèkakên tanpa petangan, sarta manawi Radèn Ngabèi Rônggawarsita kagungan panyuwun, botên nate kawangsulakên).

Sawêg kèndêl kemawon anggènipun sami anggilut pangandika ingkang wigatos, jêdhul, Radèn Atmadikara, 2. Radèn Atmawiraga, kautus ing sampeyan dalêm, utusan dalêm wau lajêng dipun panggihi wontên ing panyêratan kemawon, sarêng sampun sami lênggah satata, Radèn Atmadikara andhawuhakên timbalan dalêm, Radèn Ngabèi Rônggawarsita kapatêdhan sêrat, paring dalêm sêrat wau kawadhahan ing kanthong panjang, mawi kaêlak pitu, sarta mawi kajapit ing sungu, sawarni kados cêmpurit, sarêng sampun kabikak, astagha, isinipun namung dalancang kothong, sanadyan nawala dalêm wau botên mawi sêratan, ewadene pamaosipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita kados amaos nawala dalêm saèstu. Ingkang dhingin pangèstuningsun, dhumawuha marang sira Si Ngabèi Rônggawarsita, kapindhone panjênêngan ingsun anguningani, manawa sira durung duwe êjam kandhutan kang kêna kanggo anyumurupi wanci, marmane ing mêngko kaparêngingsun, sira ingsun [ing...]

--- 3 : 15 ---

[...sun] ganjar êjam êmas, sakarsète arupa ula nalosor, uga êmas, yèn ganjaran ingsun iki wus sira tampani, panjênêngan ingsun mundhut wangsulan.

Sarêng nawala dalêm dalancang kothong wau sampun rampung pamaosipun, Radèn Atmadikara, 2. Radèn Atmawiraga, sami sakalangkung ngungun, utusan dalêm kalih wau lajêng sami sêdhakêp, makatên ugi Radèn Mas Arya Gôndakusuma, saya kandêl pitadosing panggalihipun dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, wasana Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng matur dhumatêng utusan dalêm, ing mangke paring dalêm êjam sakarsètipun, lajêng dipun suwun, kalêrêsan badhe dipun uningakakên dhumatêng Radèn Mas Arya Gôndakusuma.

Radèn Atmawiraga lajêng angêdalakên êdhus baludru isi êjam êmas sakarsètipun, ingkang sadangunipun kagembol wontên ing kandhutan ngantos kumringêt, Radèn Atmadikara lajêng andhawuhakên timbalan dalêm, manawi êjam sakarsètipun sampun kasuwun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sampeyan dalêm mundhut wangsulan, unjukipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, nuwun sêndika, sanalika lajêng mêndhêt èblèk pasimpênan sêrat, ing ngriku wontên sêrat satunggal kanthong ingkang sampun kaêlak rèntèp kados paku trêbang, lajêng kaaturakên dhatêng Radèn Atmadikara, sasampuning unjuk wangsulanipun Radèn [Ra...]

--- 3 : 16 ---

[...dèn] Ngabèi Rônggawarsita wau dipun tampèni, rumaosipun prayantun kêkalih wau kados tiyang supêna, dene sadaya ingkang dipun sumêrêpi, tansah adamêl eraming manah, utusan dalêm wau lajêng sami pamitan badhe wangsul malêbêt, Radèn Ngabèi Rônggawarsita angurmati utusan dalêm. Andhèrèkakên ngantos dumugi sajawining regol.

Utusan dalêm wau sarêng sampun dumugi ing nglêbêt, lajêng têrus munjuk ing sampeyan dalêm, punapa kawontênanipun ingkang dipun sumêrêpi sampun kaunjukakên sadaya, saha unjuk wangsulanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng kaunjukakên. Sêrat lajêng kawaos sampeyan dalêm, salêbêtipun maos sampeyan dalêm kawistara sakalangkung rêna, saking rênaning panggalih dalêm ngantos kawiyos gumujêng dalêm, sarampunging pamaos dalêm, sêrat lajêng kadhawuhan maringakên dhumatêng Ondêr Mayor Radèn Panji Jayaningrat, dene ingkang kautus maringakên, inggih Radèn Atmadikara, 2. Radèn Atmawiraga.

Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sawangsulipun saking andhèrèkakên utusan dalêm, lajêng wangsul dhumatêng panyêratan malih, andumugèkakên manggihi Radèn Mas Arya Gôndakusuma, sarta lajêng anguningakakên paring dalêm êjam sakarsètipun wau, sasampunipun dipun pariksani dening Radèn [Ra...]

--- 3 : 17 ---

[...dèn] Mas Arya Gôndakusuma, lajêng kaparingakên wangsul, kalihan angalêmbana saening warninipun, tuwin saening lampahipun, malah pangandikanipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma, paring dalêm êjam punika saking saenipun, para luhur awis-awis ingkang kagungan, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng gêntos anyumêrêpi ngantos sawatawis dangu, karsètipun ingkang awarni sawêr nalosor, dipun satitèkakên sangêt, sasampunipun dumugi anggènipun mariksani, kasèlèhakên ing meja, sarta sêmuning pasuryan katingal anawung prihatos.

Radèn Mas Arya Gôndakusuma, botên kêkilapan dhatêng sêmuning panggalihipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, amila lajêng angrêrêpa nyuwun sêsêrêpan, punapa darunanipun, dene sarêng mêntas anguningani paring dalêm êjam punika wau têka katingal anawung sungkawa, kados wontên wigatosipun ingkang kalêbêtakên ing panggalih.

Aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, bab punika pancèn lêrês, sariranipun ragi anawung prihatos, ananging prihatos wau namung tumrap dhatêng sariranipun piyambak, sarta dèrèng kenging kasumêrêpan ing sanès, amargi tumrap sariranipun pancèn gawat sayêktos, sarta taksih dipun agêm wados, punapadene wêwados wau taksih sinêngkêr dening

--- 3 : 18 ---

ingkang adamêl gêsang, ananging sarèhning Radèn Mas Arya Gôndakusuma punika sampun anugilanunggil. budi kalihan sariranipun, manawi Radèn Mas Arya Gôndakusuma badhe uninga sariranipun botên pakèwêd amêdharakên, anamung sadèrèngipun kababar, sampun kabèbèrakên ing liyan.

Radèn Mas Arya Gôndakusuma, aturipun sakalangkung nuwun, pangandikanipun, wêwados wau badhe kasimpên wontên têlênging panggalih, botên pisan-pisan badhe kabèbèrakên ing sanès.

Radèn Ngabèi Rônggawarsita amêdharakên ingkang dados wadosing panggalih wau, aturipun makatên: mênggah paring dalêm êjam sakarsètipun punika, karsa dalêm aparing pralampita dhumatêng sariranipun, êjam punika panganggenipun tiyang ingkang sampun sambada, sarta anawung karsa pitêdah ingkang lêrês, utawi pitêdah ingkang sampun botên sagêd oncat, êmas punika pralampitanipun nawung karsa angêmasi, dhatêngipun utusan dalêm punika wau antawisipun jam sadasa, dados sampeyan dalêm amatêdhani pralampita dhumatêng sariranipun, bilih kirang sadasa dintên, wancinipun jam 10 siyang, putranipun ingkang nama Radèn Mas Sambada, badhe angêmasi, makatên malih paring dalêm karsèt êmas ingkang kapratistha sawêr nalosor, karsa dalêm inggih aparing pralampita dhumatêng sariranipun [sari...]

--- 3 : 19 ---

[...ranipun] malih. Grêg, kèndêl botên kadumugèkakên, sarta sinamun angasta paring dalêm karsèt wau kalayan dipun pariksani nanging namung sakêdhap dipun sèlèhakên malih, sarta andumugèkakên anggènipun matur, karsèt wau manawi anggènipun amriksani kalihan dipun satitèkakên, punika lajêng cêtha bilih pêpêthanipun sawêr èstri, dados kirang sadasa wulan ingkang garwa Radèn Ayu Rônggawarsita ugi badhe angêmasi. (Radèn Mas Sambada punika putranipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita ingkang ôngka 5, saking Radèn Ayu Rônggawarsita, kacariyos warninipun bagus tanpa cacad, sarèhning kasaenên warni, kaparêngipun ingkang rama lajêng dipun paringi pêparab Radèn Mas Garèng, supados sagêd widada salaminipun).

Sarêng Radèn Mas Arya Gôndakusuma mirêngakên aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita ingkang makatên wau panggalihipun sakalangkung kagèt, sarta sangêt anggènipun karêrantan, dene mitranipun darma Radèn Ngabèi Rônggawarsita badhe kacobi dening ingkang adamêl gêsang, ingkang ngantos tanpa pêpindhan, saking sangêtipun anggèning abela sungkawa, paningalipun ngantos kumêmbêng angêmu waspa, saking botên nyana bilih paring dalêm êjam wau wahananipun kados makatên, sanadyan raosing panggalihipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma kados rinujit, ewadene inggih katêksakapêksa (dan di tempat lain). angêngimur sungkawaning panggalihipun [panggalihi...]

--- 3 : 20 ---

[...pun] Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pangandikanipun, cipta sasmitaning Pangeran ingkang sampun dipun uningani dening sang pujôngga, mugi-mugi sagêda sabar sampun ngantos anêmahi, sarta sariranipun badhe botên kêndhat andhèrèk mêsu panggalih, angèsthi kalising sambekala ingkang badhe dhumawah dhatêng garwa putra, kados ingkang sampun kacêtha wontên ing cipta sasmita, bokmanawi taksih sagêd wudhar saking ardaning pamêsu, tuwin saking dêrênging pangèsthi.

Kacariyos pangrapunipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma, awit saking sêdhêp luwêsing pangandikanipun, sungkawaning panggalihipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita sirna kados kabuncanging samirana, sanalika sagêd adamêl lêjaring panggalihipun, wasana lajêng sami andumugèkakên lêlênggahan, sinambi abawa raos bab pambikaking warana ingkang taksih sinêngkêr, dèrèng ngantos dumugi anggèning sami abawa raos, nèng, nèng, nèng, sampun jam tiga siyang, Radèn Mas Arya Gôndakusuma lajêng kondur.

Sarêng sampun dumugi ing dalêm, dèrèng ngantos lukar pangagêman lajêng têrus lênggah ing panyêratan kemawon, parlunipun badhe amèngêti kawontênanipun ingkang mêntas dipun uningani punika wau, salêbêtipun nyêrat tanpa kèndêl panglocitaning panggalih anggènipun angraosakên wasitanipun Radèn Ngabèi

--- 3 : 21 ---

Rônggawarsita ingkang mêntas kawêdharakên dhumatêng sariranipun, dene sakalangkung elok, raosing panggalih ngantos amolak-malik, manawi anguningani sidiking panggalihipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, panggalihipun inggih pitados, nanging manawi angèngêti gêgandhenganipun kalihan kawontênaning sariranipun ing wêgdal punika, pitadosing panggalihipun lajêng tipis, amargi nalaripun botên pinanggih, ewadene namung badhe dipun yêktosi, manawi salêbêting sadasa dintên Radèn Mas Sambada (Garèng) saèstu tilar dunya, sarta benjing dumugining sadasa wulan, Radèn Ayu Rônggawarsita seda sayêktos, pangandikanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita pantês dipun pitados, sarta kenging dipun candhi wontên têlênging panggalih.

Sasampunipun makatên, rintên dalu Radèn Mas Arya Gôndakusuma namung tansah kèngêtan dhatêng wêcanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita kemawon, sanadyan panggalihipun sampun kapêpêr piyambak, supados sampun ngantos isi utawi sampun ngantos kèngêtan, ananging mêksa botên sagêd ical, wasana pêpuntoning panggalih namung kumambang dhumatêng Ingkang Adamêl Gêsang, amila sasêlaning pandamêlan, sabên dalu lajêng amlampah-mlampah sapikangsalipun, manawi sampun badhe kondur mawi mampir siram dhumatêng ing sêndhang Manahan rumiyin, sadumuginipun ing dalêm botên [botê...]

--- 3 : 22 ---

[...n] lajêng têrus mapan sare, ananging têmtu lajêng lênggah ing panyêratan, amriksani sêrat-sêrat ingkang dados tujuning panggalih, têrkadhang lajêng kaparêng anganggit-anggit sêrat ingkang mawi sinawung ing sêkar, sagêd ugi ngantos dumugi byar enjing. (Pèngêtan punika saking dongèngipun Mas Ngabèi Jayapiyata, ing Mangkunagaran).

Sarêng sampun dumugi sangang dintên, Radèn Mas Arya Gôndakusuma panggalihipun sampun bêbêg isi pangajêng-ajêng kadospundi kadadosanipun dintên benjing enjing, panggalihipun saya pating clakuthik, manawi angèngêti katrêsnanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita dhumatêng sariranipun, panggalihipun sakalangkung wêlas, dene katêksa anguningani mitranipun sinarawèdi badhe kataman sungkawa, sarêng sampun pantog panggupitaning panggalih, wontênipun namung karêrantan, amargi Radèn Mas Sambada wau katrêsnanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun botên wontên pêpindhanipun, saking panggrantêsing panggalihipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma, ngantos sagêd kalimput sadaya kawontênan ingkang tumrap dhumatêng sariranipun, pangèsthining panggalih namung dhatêng Radèn Mas Sambada (Garèng), sagêda uwal saking pamêcaning sudarma, mugi kalisa ing sambekala sarta pinarêngna widada raharja salaminipun, sanalika wau Radèn Mas Arya Gôndakusuma anampèni cipta sasmitaning Pangeran, Radèn [Ra...]

--- 3 : 23 ---

[...dèn] Mas Sambada sampun kinodrat têmtu angêmasi, sarta sampun botên sagêd uwal saking dayaning sarana, Radèn Mas Arya Gôndakusuma panggalihipun lajêng sumèlèh).

Nunggil ing dintên wau, Radèn Ngabèi Rônggawarsita dhawuh dhumatêng ingkang garwa, bilih benjing enjing sontên badhe amaringi barkah dhumatêng badhe siswa inggal, ingkang garwa kadhawuhan mundhut mori alus 2 êmblog, sarta kadhawuhan balônja kangge mêmule para lêluhur ingkang sampun sami sumare, tuwin kangge angrasulakên, punapadene kangge anyugata para tamu ingkang sami dipun timbali, sampun ngantos anguciwani, kajawi ingkang sampun kadhawuhakên wau, kadhawuhan mundhut kêntèl 2 badan, ingkang garwa matur, adatipun wilujêngan punika namung cêkap ngrasulakên kemawon, sarta botên mawi kêntèl, dhawuhipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, benjing enjing punika ingkang badhe kaparingakên paring dalêm wêjangan sampeyan dalêm kaping 4, dados sampun lêrês samukawisipun pancèn beda kalihan adat sabênipun, ingkang garwa inggih namung mituhu kemawon, sarta sampun lajêng kaparingakên dhatêng Mas Ajêng Pujadewata, supados lajêng karigênakên kados adat, Mas Ajêng Pujadewata lajêng mangkat, (Mas Ajêng Pujadewata punika sêliripun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, kala rumiyin nama Rara Marsiyêm, ingkang sampun kapratelakakên babad Rônggawarsitan [Rông...]

--- 3 : 24 ---

[...gawarsitan] jilid I).

Sadhatêngipun saking blônja lajêng kaolah kados adat, para sanak sadhèrèk, tuwin para abdi jalêr èstri, sami kadhawuhan nyambut damêl sadaya, ingkang èstri olah-olah, ingkang jalêr kadhawuhan rêrêsik salêbêting dalêm, pandhapa tuwin ing pamêjangan, Ki Jasana ingkang dipun rêmêni manggèn wontên ing pawon, ngrigênakên para pawèstri ingkang sami olah-olah, sadaya ingkang sami dipun olah, pundi ingkang sampun matêng kapurih angicipi dhatêng Ki Jasana rumiyin, manawi Ki Jasana sampun ngalêm eca, inggih sampun eca saèstu, Ki Jasana punika sabên dintênipun pinitados nyêpêng kabêtahan ing Rônggawarsitan, anggènipun nindakakên satiti, saking satitinipun, ngantos sagêd nocogakên sabên uwos samantên bêruk manawi dipun êdang dados sêkul samantên takêr, sadaya ulam ingkang sami dipun olah, sadèrèngipun lumados botên kenging kalong, ananging manawi sampun kalorod lajêng kabage waradin dhatêng para abdi sadaya, amargi Ki Jasana botên melikakên dhatêng lorodan.

Watêgipun Ki Jasana, manawi sawêg anuju linggih wontên pawon, tiyang èstri botên kenging wicantên saru, langkung malih manawi wontên tiyang jalêr dhatêng pawon lajêng kagêsah kados ayam, sarèhning Ki Jasana punika wontên ing Rônggawarsitan kajèn [ka...]

--- 3 : 25 ---

[...jèn] kèringan, dados parentahipun sami dipun gêga.

Ki Tanujaya angrigênakên pandamêlan wontên ing ngajêngan, rêrêsik salêbêting dalêm, pandhapa tuwin ing pamêjangan, kabêkta saking sampun sêpuh, dados namung kantun parentah kemawon, ananging sayahing badanipun botên beda kalihan ingkang sami tumandang nyambut damêl, kabêkta saking rêsikanipun, pundi ingkang dèrèng dados panujuning manahipun, lajêng dipun tandangi piyambak, utawi dipun kaping kalihi, manawi Ki Tanujaya sampun tumandang nyambut damêl, para abdi kapêdhak ing Rônggawarsitan, sadaya lajêng sami ajrih, ingkang nyuwun badhe anggêntosi ngantos rêbatan, sampun ingkang abdi kapêdhak, botên sami ajrih dhatêng Ki Tanujaya, sanadyan Radèn Ngabèi Rônggawarsita piyambak ugi ajrih saha ering.

Para abdi kapêdhak ingkang sami rêrêsik, satunggal kemawon botên wontên ingkang mangrêtos wigatosing damêl ingkang sajati, pangintênipun namung kagêm jagongan kados adat manawi badhe mêjang, namung Ki Tanujaya piyambak ingkang sampun botên kêkilapan badhe kawontênanipun dintên benjing enjing, ewadene dhatêng wicantên sakalangkung kumêt, botên kabrabèhan.

Sarêng enjingipun malih dados jangkêpipun sadasa dintên dumugi dintên ingkang sampun katamtokakên, ing dalêm saha ing pandhapa [pa...]

--- 3 : 26 ---

[...ndhapa] Rônggawarsitan sampun dipun gêlar-gêlari palênggahan, para sanak sadhèrèk ing Yasadipuran, ing Prawirayudan, ingkang sami tampi sêdhahan tumut amanggihi rawuhipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma sampun sami rawuh, malah ingkang êmbah Radèn Tumênggung Yasadipura kaping: III ugi kaparêng rawuh.

Sarêng wanci jam 9 enjing, Radèn Mas Arya Gôndakusuma sampun rawuh, Radèn Ngabèi Rônggawarsita amapagakên dhatêng palataran, para tamu sanèsipun sami angurmati mandhap dhatêng palataran sadaya, Radèn Mas Arya Gôndakusuma dipun ancarani lênggah ing paringgitan majêng mangidul, dados lênggahipun amêngkêrakên kontên lêrês, para sanak sadhèrèk ing Yasadipuran, ing Prawirayudan, ingkang sami dipun sêdhahi andhèrèk manggihi, sami angêmpal dhatêng pringgitan sadaya, sawêg sami bage-binage wilujêng, Radèn Mas Sambada (Garèng) prog, dhatêng paringgitan, matur dhumatêng ingkang rama, manawi maendanipunmendanipun (dan di tempat lain). ingkang saking Nusupan kala wingi, sapunika sampun dipudipun. pragad, Radèn Mas Sambada nyuwun lintu, ingkang rama namung mèsêm kemawon, kalihan anguyêl-uyêl sirahipun ingkang putra, Radèn Mas Sambada lajêng dipun timbali Radèn Mas Arya Gôndakusuma, sirahipun inggih dipun asta, rambutipun ingkang sawêg jumambak, dipun asta kasilak-silakakên manginggil, sarta dipun sagahi badhe dipun paringi maenda kalih, [ka...]

--- 3 : 27 ---

[...lih,] kalihan ing batos angunandika, samantên agêngipun kaelokan ingkang badhe dipun uningani, Radèn Mas Arya Gôndakusuma saglugut botên sagêtsagêd. anggayuh, langkung malih para tamu sanès-sanèsipun, satunggal kemawon botên wontên ingkang sami sumêrêp bilih mangke sakêdhap malih badhe wontên kaelokan ingkang badhe dipun uningani.

Radèn Mas Sambada lajêng wangsul dhatêng pamragatan maenda malih, andumugèkakên anggènipun ningali, botên dangu lajêng katungka lumadosipun wedang, kalihan dipun ladosi dhaharan gêbag, lajêng dipun ladosi srutu manila, sambèning pangandika warni-warni, wontên ingkang ngrêmbag kasusastran, wontên ingkang ngrêmbag sêkar agêng, namung Radèn Mas Arya Gôndakusuma piyambak ing wêgdal wau malah botên kagungan rêmbag punapa-punapa, saking guyêngipun ingkang sami sarasehan, rêmbagipun katingal muyêg, wêdaling pangandika sami sarèh-sarèh, ingkang anggumujêngakên Radèn Ngabèi Awijaya, ingkang rama alit Radèn Ngabèi Rônggawarsita, kacariyos, botên mangrêtos dhatêng ha pincang, nanging apalanipun sêkar agêng kathah sangêt, salêbêtipun sarasehan wau wontên nak dhèrèk ingkang anjarag, sabên ura-ura wandanipun dipun kirangi utawi dipun langkungi, nanging tansah dipun lêrêsakên dening Radèn Ngabèi Awijaya, ingkang mirêngakên ngantos sami gumujêng, salêbêtipun sami rêrêmbagan, [rêrê...]

--- 3 : 28 ---

[...mbagan,] cêp, kados kangsèn sami sêsarêngan kèndêl, (ginêming rare dipun wastani wontên setan langkung), anyarêngi kèndêlipun ingkang sami sarasehan wau, sadaya sami mirêng kados suwaraning rare kagum, botên dangu lajêng mirêng panjêritipun tiyang sêpuh, lajêng katungka swaraning tiyang èstri, pating jalêrit, prênahing swara wontên sakilèning dalêm, ingkang sami lêlênggahan sadaya lajêng jumênêng gita-gita, amurugi prênahing swara wau, sarêng dumugi ing gadri kilèn, sami uninga manawi ing jamban sampun kêbak tiyang èstri sami nangis pating jalêrit, sadaya lajêng sami tindak dhumatêng ing jamban, astaga: botên nyana bilih Radèn Mas Sambada sampun dipun rarômpa ing tiyang kathah, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng dhawuh dhumatêng ingkang putra Radèn Mas Panji Ranakusuma, ingkang rayi kadhawuhan ambopong dhumatêng ing dalêm, ingkang rayi lajêng kabopong, sarêng Radèn Mas Sambada sampun kabêkta dhumatêng ing dalêm, wontên ing jamban Radèn Ngabèi Rônggawarsita anyabêt-nyabêtakên sap astanipun rambah kaping tiga, lajêng nungka tindak dhumatêng ing dalêm, kalihan anyasmitani Ki Tanujaya supados dhatêng jamban, samêdalipun Ki Tanujaya saking jamban, tanganipun kiwa mêthènthèng anggêgêm kêkah, tanganipun têngên anjotosi, plag, plag, kados wontên ingkang dipun jotosi, sukunipun kiwa têngên kangge andugangi, kringêtipun gumrobyos ngantos daleweran, [dale...]

--- 3 : 29 ---

[...weran,] nanging anjotosi punapa, sarta andugangi punapa, para priyantun ingkang wontên ing ngriku botên wontên ingkang sami uninga, sarêng sampun sawatawis, katungka Radèn Ngabèi Rônggawarsita mêdal saking dalêm, kalihan angandika dhatêng Ki Tanujaya, kadhawuhan èngêt, sarta kadhawuhan angêculakên, Ki Tanujaya lajêng botên tumandang malih, namung napasipun ingkang taksih amêlar mingkus. Para sanak sadhèrèk sami dipun aturi lumêbêt ing dalêm sadaya, Ki Tanujaya inggih tumut lumêbêt, Ki Jasana botên kantun inggih tumut lumêbêt ing dalêm, angèngêtakên para tiyang èstri ingkang taksih sami nangis. Radèn Mas Sambada taksih dèrèng èngêt, kêdhap-kêdhap macicil, sadangunipun taksih kados makatên wau ugi taksih dipun pangku dening ingkang raka kemawon, Radèn Ayu Rônggawarsita anêkêmi sirahipun Radèn Mas Sambada kalihan têtêking panggalih. Radèn Mas Panji Ranakusuma angaturi sasmita dhumatêng ingkang rama, ingkang ibu supados kasingkirakên rumiyin, Radèn Ngabèi Rônggawarsita Radèn Mas Arya Gôndakusuma lajêng sami tindak dhumatêng ing gêdhong wetan, ingkang rayi Radèn Ayu Rônggawarsita lajêng dipun timbali dhumatêng ing gêdhong wetan, sarêng sampun wontên ngarsanipun ingkang raka Radèn Mas Arya Gôndakusuma, panggalihipun katingal sakalangkung kodhêng, dening botên nyana manawi amanggih [amang...]

--- 3 : 30 ---

[...gih] lêlampahan ingkang kados makatên, Radèn Mas Arya Gôndakusuma lajêng aparing pangandika ingkang andadosakên pamarêming panggalihipun ingkang rayi Radèn Ayu Rônggawarsita, labaning putri linangkung sarêng sampun mirêngakên dhawuh pangandikanipun ingkang raka Radèn Mas Arya Gôndakusuma wau, susahing panggalih lajêng ical botên wontên tabêtipun, langkung malih sarêng dipun paringi sêsulang kathah-kathah dening ingkang garwa Radèn Ngabèi Rônggawarsita, panggalihipun saya sakalangkung wêning, lajêng nyuwun lilah badhe wuninga dhumatêng ingkang putra Radèn Mas Sambada, Radèn Ngabèi Rônggawarsita igihinggih. anglilani, Radèn Mas Sambada sampun katilêmakên mujur mangalèr, wêdaling napas ragi sêsêg sawatawis, dangu-dangu lajêng sarèh, sarèhipun wau botên sarèh angantawisi sakeca, nanging sarèhipun angancik jaman kalanggêngan, Radèn Ayu Rônggawarsita sagêd anguningani anggènipun lêlampah ingkang putra murutipun dhatêng kasidan jati, panggalihipun katingal têtêg, malah ingkang nguntapakên inggih ingkang ibu piyambak, para sêpuh saha para sanak sadhèrèk ingkang sami anênggani, sami angalêmbana santosaning panggalihipun Radèn Ayu Rônggawarsita, Radèn Mas Panji Ranakusuma lajêng angaturi uninga ingkang rama dhumatêng ing gêdhong wetan, manawi ingkang rayi sampun botên wontên, dhawuhipun ingkang rama kadhawuhan angrampungi, Radèn Mas Panji Ranakusuma [Rana...]

--- 3 : 31 ---

[...kusuma] lajêng angobètakên panggalihan, botên sawatawis dangu lajêng katungka têdhakipun Gusti Panêmbahan Buminata, Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, prayagung kalih wau sasampunipun amriksani layon, ingkang putra Radèn Ayu Rônggawarsita lajêng dipun kanthi Gusti Panêmbahan têdhak dhumatêng ing gêdhong wetan, Gusti Panêmbahan, saha Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, sami anglêlipur dhumatêng ingkang sawêg kataman prihatos, tuwin panglipuripun Gusti Panêmbahan dhumatêng ingkang putra Radèn Ayu Rônggawarsita, paribasan ngantos anêlasakên pêpindhan.

Layonipun Radèn Mas Sambada lajêng dipun sucèni kados adat, sarampungipun anggèning nucèni lajêng dipun ruktèni kalayan pantês, sarêng Radèn Mas Sambada sampun tilar donya, raosing panggalihipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma kados supêna, dene anguningani lêlampahan ingkang sakalangkung elok, sariranipun babar pisan botên sagêd andungkap, sarêng sampun makatên panggalihipun lajêng pitados sangêt dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, dados pangèsthining panggalih kados ingkang sampun kawursita, badhe kathah kalampahanipun.

Kacariyos, nalika tilaripun Radèn Mas Sambada wau, ingkang sami amaringi saha ingkang anyaosi panjurung kangge

--- 3 : 32 ---

waragad, kathah sangêt, saking kathahipun tumpukanipun arta ngantos angêbaki bangku, sarêng antawis jam: 12 siyang, wontên utusan dalêm sampeyan dalêm amathêdhani waragat kathahipun 300 rupiyah, sanadyan dhatênging yatra ing dintên wau paribasan tanpa petangan, ananging wutahing waragad inggih dipun upamèkakên botên mawi takêran, adêging pawon ngantos kados mantu dadakan, mawi amragad lêmbu, kaolipun para sêpuh, pamragading lêmbu wau ngiras pantês kangge kekah.

Para sanak sadhèrèk, para semahipun abdi dalêm panèwu mantri kadipatèn, ingkang sami kapatah nyambut damêl wontên ing pawon, satunggal kemawon botên wontên ingkang ginêman, kabêkta anggènipun sami abela sungkawa, malah racak-racakipun sami botên kobêr anyambut damêl, saking botên sagêd anahan wêdaling êluh. Ki Jasana dhatêng ingkang sami olah-olah adatipun kêrêng sangêt, nanging ing wêgdal wau ngantos ical kêrêngipun, samukawis ingkang sami dipun tingali lajêng akamitonggongên.

Sarêng ngajêngakên jam 2 siyang, para tamu ingkang sampun wontên ing Rônggawarsitan, sadaya sami dipun ladosi dhahar, namung ingkang sami lênggah wontên ing gêdhong wetan, satunggal kemawon sami botên wontên ingkang kaparêng dipun ladosi dhahar.

--- 3 : 33 ---

Sarêng sampun wanci jam 4 sontên, ingkang kaparêng nglayat sampun sami rawuh sadaya, layon lajêng kaangkatakên, dipun pêtak wontên ing Sangkrah kemawon, pamêtakipun wontên ing Sangkrah wau saking panyuwunipun Radèn Ayu Rônggawarsita piyambak, amargi manawi wontên kaparêngipun badhe tuwi sagêda cêlak.

Sabidhalipun layon, ingkang sami nglayat lajêng anguntapakên dhatêng pakuburan sadaya, namung Gusti Panêmbahan, Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, tuwin Radèn Mas Arya Gôndakusuma, sami botên anguntapakên, malah lajêng sami pindhah lêlênggahan wontên ing jrambah dalêm, Radèn Ngabèi Rônggawarsita sakalihan, panggalihipun sami katingal antèr, sajak sampun botên wontên tabêting sungkawa, namung pasuryanipun taksih sami katingal gêsêng.

Gusti Panêmbahan Buminata sarêng uninga bilih ingkang putra Radèn Ayu Rônggawarsita sampun botên anawung prihatos, panggalihipun bingah sangêt, amila lajêng andangu dhumatêng ingkang putra, kadospundi kawontênanipun, dene Gusti Panêmbahan, babarpisan botên mirêng kabar punapa-punapa, Radèn Ayu Rônggawarsita lajêng angaturakên punapa kawontênanipun kala wingi ngantos dumugi dintên punika wau, Gusti Panêmbahan lajêng gumujêng, sarta lajêng angandika dhumatêng Radèn Mas Arya [Ar...]

--- 3 : 34 ---

[...ya] Gôndakusuma, supados botên bêbadhe malih, anggènipun badhe apuruwita dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita manawi Radèn Ngabèi Rônggawarsita sagêd, prayogi dipun laksanani mangke dalu kemawon, Gusti Panêmbahan kaparêng dadosa sêksi, aturipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma, manawi Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun sagêd, sariranipun sakalangkung bingah, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng anyambêti atur, sariranipun inggih sampun sagêd, Radèn Ayu Rônggawarsita panggalihipun bingah sangêt, dene dintên punika ingkang raka sampun kaparêng amijèkakên, saking bingahing panggalihipun, Radèn Ayu Rônggawarsita lajêng sagêd tindak dhumatêng ing pawon, andhawuhakên damêl pirantos ingkang badhe kagêm mangke dalu, ingkang dipun dhawuhi aturipun sandika, lajêng kasaput ing dalu.

Enggaling cariyos, sarêng sampun wanci jam 12 dalu, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng tindak dhumatêng ing palataran sakilèn dalêm, prêlu angêningakên panggalih (manawi têmbung Arab ambokmanawi dipun wastani salat kajat), sarêng sampun rampung lajêng lumêbêt dhumatêng ing dalêm, Gusti Panêmbahan, Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, sami dipun aturi tindak dhumatêng ing pamêjangan, kadhèrèkakên Radèn Ngabèi Rônggawarsita, tuwin Radèn Mas Arya Gôndakusuma, sadaya wau [wa...]

--- 3 : 35 ---

[...u] sami ngagêm sangsangan sêkar malathi rinonce bawang sabungkul, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lênggah wontên kilèn majêng mangetan, Radèn Mas Arya Gôndakusuma lênggah wontên wetan majêng mangilèn, Gusti Panêmbahan lênggah wontên kidul majêng mangalèr, Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga lênggah wontên êlèr majêng mangidul, Ki Tanujaya inggih wontên pojok lèr wetan amajibi padupan, sasampunipun sami lênggah satata, Ki Tanujaya lajêng angladosakên padupan manêngah, ingkang sami lênggah lajêng angêningakên cipta, sapandurat botên obah botên mosik, sarêng sampun paripurna, padupan lajêng kaundurakên, dipun adhêp dening Ki Tanujaya malih, lajêng wiwit amêjang, dhawuhipun Gusti Panêmbahan kadhawuhan amêjangakên paringipun Gusti Panêmbahan, pusaka dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping III, amargi ingkang kaserenan pusaka dalêm kaping III wau ingkang sampun kalampahan amanggih kamulyan, aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita sandika, sarta lajêng kawêjangakên dhumatêng Radèn Mas Arya Gôndakusuma, patraping pamêjangipun limrah kados ingkang sampun kalampahan, sasampunipun rampung anggènipun amêjang, wêjangan wau lajêng dipun jèrèng dening Gusti Panêmbahan, ngantos satamatipun, sarêng sampun rampung Radèn Mas Arya Gôndakusuma lajêng salaman akalihan Radèn Ngabèi

--- 3 : 36 ---

Rônggawarsita, lajêng ngabêkti dhumatêng Gusti Panêmbahan, dhumatêng Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, sarampunging ngabêkti lajêng wangsul tindak ing dalêm malih, lajêng angêpang kêndhurèn ingkang sampun sami katata wontên ing meja, ingkang angujubakên Gusti Panêmbahan, ingkang andongani Radèn Ngabèi Rônggawarsita piyambak.

Ing wêgdal wau ingkang sami sowan kathah sangêt, sadaya lajêng sami dipun ladosi dhahar. Sarêng sampun bibar dhahar sadaya sami andumugèkakên lêlênggahan, angadhêp Gusti Panêmbahan, ingkang dipun adhêp kalihan ingkang ngadhêp panggalihipun cocog sami karênanipun, punapadene sarêng uninga bilih ing wêgdal wau panggalihipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun ical tabêting sungkawa, ingkang lêlênggahan panggalihipun sami bingah, amila lajêng wiwit abawa raos, ingkang murwani Gusti Panêmbahan, anggêlarakên kawontênanipun dat ingkang Maha Suci kados ingkang sampun kawêjangakên dhumatêng Radèn Mas Arya Gôndakusuma punika wau, awit saking sagêdipun Gusti Panêmbahan, ingkang mirêngakên rumaos sami kapranan sadaya, wasana anambahi jênakipun ingkang sami lêlênggahan, sami botên wontên ingkang angraosakên sayah, mila bibaranipun ngantos wanci enjing.

Sarêng Radèn Mas Arya Gôndakusuma sampun têtêp manjing siswa,

--- 3 : 37 ---

rêsêp rumakêtipun dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita prasasat sampun botên mawi pêpindhan, anggènipun anganggêb sudara saya tandhês lair batos malah kenging kaupamèkakên panggalih kalih dados satunggal utawi roroning atunggal, samantên ugi Radèn NgebaiNgabèi. Rônggawarsita, katrêsnanipun dhumatêng Radèn Mas Arya Gôndakusuma ngantos angungkuli katrêsnanipun dhumatêng garwa putra, patraping tata krami sakalangkung anaraga,anoraga. botên beda kalihan dhumatêng para putra dalêm.

Amangsuli cariyos, satilaripun dunya Radèn Mas Sambada, sanadyan Radèn Ayu Rônggawarsita botên wontên tabêtipun anawung sungkawa, ananging saya dangu sariranipun katingal kêra, môngka ing wêgdal wau anyarêngi kagungan putra sêsêpan ingkang antawisipun sawêg yuswa sataun, wujuding putra ugi lajêng tumut kêra, saking kêraning putra wau, ngantos kathah ingkang mastani katoran toya sêsêpan, sabên Radèn Mas Arya Gôndakusuma pinarak dhumatêng ing Rônggawarsitan, sampun têmtu ambêbolèhi dhumatêng ingkang rayi Radèn Ayu Rônggawarsita, sagêda ambirat sungkawaning panggalih, tilaring putra sampun sangêt-sangêt karaosakên, mindhak angrisakakên sarira, punapadene Gusti Panêmbahan sampun botên kêkirangan anggènipun ambêbingah panggalihipun ingkang putra, ewadene sadaya panglipur tuwin kabingahan wau tumrap panggalihipun [panggalihipu...]

--- 3 : 38 ---

[...n] ingkang putra malah adamêl sulêg.

Awit saking sih katrêsnanipun Gusti Panêmbahan dhumatêng ingkang putra Radèn Ayu Rônggawarsita, sungkawaning panggalihipun ingkang putra wau dipun raosakên sangêt, sarta kalêbêtakên ing panggalih, wasana ngantos anjalari gêrahkipungêrahipun. Gusti Panêmbahan, sanadyan gêrahipun wau botên patosa awrat, sarèhning kagêm bôngsa luhur ingkang sampun yuswa, dados namung kagêm sarean kemawon, para gusti, saha para bandara, tuwin para putra wayah kaponakan, rintên dalu kathah ingkang sami sowan tuwi, anggènipun amanggihi inggih namung wontên ing pasarean, dene wiwit gêrahipun Gusti Panêmbahan wau, ingkang putra Radèn Ayu Rônggawarsita sakalihan ingkang garwa, lajêng anjrak tugur wontên ing Buminatan, sarèhning Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun botên kêkilapan dhatêng gêrahipun Gusti Panêmbahan, amila sasêlaning pandamêlan ing ngarsa dalêm, sampun têmtu angisik-isik sampeyanipun Gusti Panêmbahan kemawon, manawi sampun botên kaadhêp ing putra wayah, Gusti Panêmbahan lajêng ngandikan kalihan Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ingkang dipun pangandikakên babagan wigatos ingkang botên kenging kamirêngakên ing sanèsipun.

Salêbêtipun Gusti Panêmbahan gêrah, Radèn Ngabèi Rônggawarsita sakalangkung sungkawaning panggalihipun, mênggah sungkawaning panggalih [pang...]

--- 3 : 39 ---

[...galih] wau awarni-warni, saupami dipun petanga ngantos angicalakên pêpetangan, ananging wahananipun badhe amanggih kanugrahan, amargi sarêng badhe seda kirang tigang dintên, sadaya ngèlmu kagunganipun Gusti Panêmbahan, ingkang dèrèng kaparingakên dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng kaparingakên sadaya.

Nalika malêm dintên sedanipun Gusti Panêmbahan, sarèhning ing wêgdal wau para gusti kakung putri, ingkang sami sowan Gusti Panêmbahan sawatawis radi kathah, konduripun ngantos bangun enjing, dados ing wêgdal wau Radèn Ngabèi Rônggawarsita namung wontên ing pandhapa kemawon, among tamu para prayagung wadana kaliwon ingkang sami sowan tugur, sarêng wanci jam 5 enjing, sadaya lajêng sami ngaso, Radèn Ngabèi Rônggawarsita ugi ngaso dhumatêng ing têngganipun, ing wêgdal wau anyarêngi ingkang garwa sawêg mundur kemawon saking dalêm, ugi parlu badhe ngaso. Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng pamitan dhumatêng ingkang garwa, enjing punika badhe tindak dhumatêng ing Baki Pandheyan angêmpiangêmping. paos, kangge jagi-jagi ambokmanawi wontên wigatos ingkang botên kenging dipun selaki, sarta punika mangke sadèrèngipun kondur, bokmanawi dipun timbali Gusti Panêmbahan, ingkang garwa kadhawuhan ngunjuk, manawi sawêg amrêlokakên dhatêng ing Baki Pandheyan sakêdhap.

--- 3 : 40 ---

Ingkang garwa sasampuning kawêling-wêling lajêng mangkat, ingkang andhèrèkakên namung abdi wulu cumbu tiyang kalih, 1. Pun Tanurêsa, 2. Pun Rêsatanu, sami anakipun Ki Tanujaya. Dumugi ing Baki Pandheyan sampun kapanggih kalihan Tuwan Agêng kabudidayan, pangêmpingipun paos sagêd angsal, sapanêdhanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita namung dipun pituruti kemawon, limrahipun priyantun ngêmping paos makatên kathah-kathahipun namung paos sataun, ananging manawi Radèn Ngabèi Rônggawarsita sakêdhik-kêdhikipun paos tigang taun, têrkadhang ngantos gangsal taun, sarêng yatra sampun dipun pasrahakên, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng kondur, sarêng tindakipun dumugi sacêlakipun ing dhusun Munyung, amriksani jam sawêg kèndêl jam 8 enjing, Radèn Ngabèi Rônggawarsita amanggih lêlampahan ingkang elok, inggih punika kapapag Gusti Panêmbahan Buminata, tindak saking wetan mangilèn, ingkang andhèrèkakên namung abdi jalêr kalih iji, 1. Ngabèi Sarwa Harja, 2. Ngabèi Wangsa Harja, dene abdi kêkalih ingkang andhèrèkakên wau sampun sami tilar donya, anggènipun tilar dunya malah dèrèng têlas wilujênganipun, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng munjuk, Gusti Panêmbahan badhe têdhak pundi, dhawuhimundhawuhipun. dhumatêng ing Baki Pandheyan, parlu badhe angêmping paos: 500 rupiyah, ing môngka pangêmpingipun paos [pao...]

--- 3 : 41 ---

[...s] Radèn Ngabèi Rônggawarsita wau ugi angsal: 500 rupiyah, wasana Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng wangsul badhe andhèrèkakên, dhawuhipun Gusti Panêmbahan, sapunika botên susah kadhèrèkakên, namung benjing enjing kemawon kadhawuhan andhèrèk, malah lajêng dipun dhawuhi, punika mangke sampun ngantos mompar-mampir, amargi ing dalêm kathah pandamêlan, unjukipun sêndika, munjuk makatên wau kalihan ngawasakên Gusti Panêmbahan, ingkang sawêg tindak mangilèn, sarêng tindakipun antawis wontên sapêmbalang, Gusti Panêmbahan dalah ingkang andhèrèk, lajêng sami botên katingal, Radèn Ngabèi Rônggawarsita andumugèkakên tindakipun.

Pun Tanurêsa, 2. Pun Rêsatanu, turut mêrgi sami bingah-bingah, dene Gusti Panêmbahan gêrahipun sampun sênggang, sarta sampun sagêd têdhakan, wiraosanipun tiyang kalih wau pancèn dipun sêngaja kamirêng-mirêngakên bêndaranipun, supados dipun salanggati, ananging wiraosanipun tiyang kalih wau namung dipun kèndêlakên kemawon, malah tindakipun lajêng kados dipun sêngkakakên, daya-daya sagêda tumuntên dumugi ing Buminatan, sarêng tindakipun dumugi ing alun-alun kidul, kapapak kalihan Ki Tanujaya, sarêng sampun cêlak Ki Tanujaya lajêng matur, kautus ingkang rayi Radèn Ayu Rônggawarsita, kadhawuhan jujul dhatêng ing Baki Pandheyan, amargi punika wau dhanciwanci.

--- 3 : 42 ---

jam 8 enjing, Gusti Panêmbahan Buminata seda, sawêg dumugi samantên, pun Tanurêsa: 2. Pun Rêsatanu, sami cariyos dhatêng bapakipun, bilih kala wau wanci jam: 8 enjing, kapêthuk Gusti Panêmbahan wontên ing mêrgi dhusun Munyung, malah bêndaranipun badhe wangsul andhèrèkakên, nanging Gusti Panêmbahan botên kaparêng, têka jêbul sapunika seda, Ki Tanujaya namung mèsêm kalihan amangsuli: botên anèh.

Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun dumugi ing Buminatan, panggalihipun sakalangkung gêtun, dene sedanipun Gusti Panêmbahan sariranipun botên sagêd anguningani, wasana lajêng angabêkti kalihan muwun, kala samantên para gusti, para luhur, saha para bandara, sampun kathah sangêt ingkang sami rawuh, abdi dalêm wadana kaliwon, panèwu mantri lurah bêkêl jajar kadipatèn, tumplak blak sampun sami sowan dhumatêng ing Buminatan sadaya, botên sawatawis dangu lajêng dipun sirami, ingkang mangku para bêndara kangjêng pangeran putra kaponakan, ingkang sami anyirami ugi para putra dalêm kakung putri, ingkang angangsu para abdi dalêm panèwu mantri kadipatèn, sarêng anggènipun anyirami sampun rêsik, Kangjêng Mas Pangulu Tapsir Anom lajêng anucèni sariranipun Gusti Panêmbahan, sarêng sampun rampung layon kausung para kêtib dhumatêng ing dalêm, saha lajêng dipun dandosi kados adat layonipun [layonipu...]

--- 3 : 43 ---

[...n] bôngsa luhur, sarampungipun nyirami ingkang sami ngalab barkah mêndhêt toyaning pasiraman kathah sangêt, sami dipun ombe saha kangge pupuk sirah, tuwin sami dipun bêta mantuk.

Nunggil wanci wau abdi dalêm niti ingkang nindakakên wêdaling waragad sampun sami dhatêng panyambutipun damêl katingal acekat-cèkêt, angantawisiangatawisi. saking kulinanipun anindakakên makatên, para abdi dalêm ingkang sami anyadhong waragad, kangge kaprêluanipun bab sedan, saking kathahipun ngantos ngumandhang gumarênggêng, candranipun kados pangrêsulaning tiyang ingkang sawêg kataman prihatos, swaraning yatra ingkang sami dipun thinthingi, saking kathahipun ngantos pating karêncing tanpa kèndêl, candranipun kados tangising pawèstri ingkang kapêgatan katrêsnan, punggawa kanitèn ingkang sami anyuwèki mori, swaranipun kados ambêlèr manah.

Layonipun Gusti Panêmbahan karêrêmakên wontên ing dalêm sadalu, manggèn wontên satêngahing dalêm, dipun tahlilakên abdi dalêm ngulama ngantos sadalu muput, enjingipun lajêng kabidhalakên sumare ing astana dalêm Imogiri, dhawuh dalêm abdi dalêm wadana kaliwon kadipatèn anom sadaya, sami kadhawuhan andhèrèkakên dumugi ing Imogiri, abdi dalêm panèwu mantri lurah bêkêl jajar, saha abdi dalêm riya panjiranan gindês sakarèrèhanipun, ingkang sapalih kadhawuhan andhèrèkakên [a...]

--- 3 : 44 ---

[...ndhèrèkakên] dhumatêng ing Imogiri, Radèn Ngabèi Rônggawarsita ugi andhèrèk.

Kacariyos, nalika bidhalipun layon, sampeyan dalêm inggih miyos, ingkang sami nglayat saha ingkang andhèrèkakên kathah sangêt, para luhur Jawi Walandi, sadaya pêpak, tuwan obrus sapangandhap, dumugi para mayor kapitan, litnan, ing loji agêng, dalah saradhadhunipun, sadaya sami andhèrèkakên, mangagemangangge. pameran.

Rahmatipun Gusti Panêmbahan adamêl eramipun ingkang sami sumêrêp, utawi ingkang sami andhèrèkakên, soroting diwangkara ingkang amadhangi jagad, bêntèripun namung dhawah wontên sakiwatêngêning margi agêng kemawon, sarêng lampahing layon dumugi ing margi agêng Kartasura mangidul, lajêng jawah dêrês kados pinusus, ananging jawah wau ugi namung wontên sakiwatêngênipun margi agêng kemawon, dados ingkang sami andhèrèkakên botên wontên ingkang kajawahan, wontên ing Dlanggu dumugi ing Kitha Agêng, botên kacariyosakên, enggaling cariyos sarêng lampahing layon dumugi ing lèpèn Opak, kala samantên amarêngi bêna agêng, dados layon dalah para pandhèrèkipun sadaya, katêksa sami kèndêl wontên sapinggiring lèpèn, sarêng makatên Radèn Tumênggung Yasadipura, amurugi ingkang wayah Radèn Ngabèi Rônggawarsita, [Rônggawarsi...]

--- 3 : 45 ---

[...ta,] ing wêgdal wau sawêg lênggah wontên satêngêning layon, ingkang wayah kadhawuhan amêsu panggalih, supados layonipun Gusti Panêmbahan sampun ngantos kadangon kakèndêlakên wontên sapinggiring lèpèn, amila Radèn Ngabèi Rônggawarsita sarêng anampèni dhawuhipun ingkang êmbah lajêng tindak dhatêng sapinggiring lèpèn, wontên ing ngriku angêningakên cipta, kalihan sêdhakêp suku tunggal anutupi babahan nawahawa. sanga, nyuwun dhumatêng ingkang Amurbèng Jagad, mugi aparinga pitulung ingkang dados pangèsthining panggalih, layonipun Gusti Panêmbahan saha ingkang sami andhèrèkakên, sagêda samasami. lumampah ing lèpèn Opak, sampun wontên sangsayanipun, saking sangêting pamêsu, lajêng wontên kaelokan malih ingkang dipun uningani dening Radèn Ngabèi Rônggawarsita, salêbêting sêmadi uninga Gusti Panêmbahan Buminata, jumênêng wontên sanginggiling toya, sarêng sampun luwar saking sêmadi, sanalika toyaning lèpèn ingkang amulak-mulak, lajêng asat ngantos katingal wêdhinipun, awit saking bingahipun ingkang sami andhèrèkakên layon, ngantos kasupèn bilih ing wêgdal wau wontên ing salêbêting sungkawa, sadaya lajêng sami surak mawurahan, sarta kawêdal pangalêmbananipun dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, wasana layonipun Gusti Panêmbahan lajêng kabidhalakên, sarêng layon dalah ingkang andhèrèkakên sampun [sa...]

--- 3 : 46 ---

[...mpun] amêngkêrakên ing lèpèn Opak, lèpèn wau lajêng bêna malih, malah agênging toya ingkang sawêg dhatêng punika, ngantos adamêl mirisipun ingkang sami anyumêrêpi, sarêng layon sampun dumugi pasareyan dalêm ing Imogiri, sasampuning karêrêmakên sawatawis dangunipun, lajêng kasarèkakên, sarampungipun anggèning nyarèkakên, ugi wontên kaelokanipun malih, nalika ingkang sami andhèrèkakên badhe bidhal ngaso dhumatêng ing kabupatèn, sadèrèngipun bidhal, sadaya sami mirêng swara gumalêgêr, kados swaraing kalantaka, ngantos salêbêting pasareyan karaos orêg, ingkang mirêngakên swara wau sadaya ngantos sami kamidolopên, sakèndêling swara wau, salêbêting pasareyan gandanipun sakalangkung arum, saking arumipun ngantos angawonakên gandaning lisah jêbat kasturi, mênggah kawontênanipun kaelokan wau, ingkang andhèrèkakên layon sadaya sami ngungun, pangungun wau botên namung wêgdal wontên pasareyan kemawon, ananging ngantos pintên-pintên wulan taksih dados wiraosanipun para priyantun kathah (punika labaning prayagung luhur ingkang ambêg utami), wasana ingkang sami andhèrèkakên lajêng bidhal dhumatêng ing Kabupatèn Imogiri, dumugi ing kabupatèn dipun sugata kados adat, sarêng enjingipun lajêng wangsul dhumatêng ing nagari Surakarta.

--- 3 : 47 ---

Sasedanipun Gusti Panêmbahan, Radèn Ayu Rônggawarsita rumaos sampun botên wontên ingkang dipun adèn-adèni, panggalihipun sakalangkung kajog, kajoging panggalihipun anuwuhakên kêraning sariranipun, dangu-dangu lajêng gêrah cêkoh, manawi sontên sariranipun mawi sumêng, sabên tigang dalu utawi sakawan dalu sapisan, Radèn Mas Arya Gôndakusuma tuwi dhumatêng ing Rônggawarsitan, konduripun ngantos jam: 2, têrkadhang ngantos jam: 4 enjing, sontên-sontênipun jam: 12 dalu, pasambèning lênggah angungsêt bab pathokaning anyêkarakên, bab kasusastran, tuwin lagu-laguning sêkar agêng, sêkar macapat, sapanunggilanipun, sanadyan sampun mawi pasambèn angudi kagunan, nanging sabên-sabên panggalihipun tansah kèngêtan pamêcanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita dhumatêng sariranipun, bab satunggal, bab kalih, bab tiga, kados ingkang sampun kaaturakên dhumatêng Radèn Mas Arya Gôndakusuma, ingkang satunggal sampun kalampahan, inggih punika sedanipun Radèn Mas Sambada, ingkang kalih, dèrèng kalampahan, nanging sampun wontên antawisipun, inggih punika tumrap Radèn Ayu Rônggawarsita, namung ingkang kaping tiga, ingkang tumrap dhumatêng sariranipun piyambak, kawontênanipun kalihan tètèsing pamêca dèrèng wontên antawisipun mèmpêr, manawi Radèn Mas Arya Gôndakusuma angraosakên [angraosa...]

--- 3 : 48 ---

[...kên] bab punika, panggalihipun lajêng judhêg, pangudaraos ingkang makatên wau sanadyan namung wontên salêbêting panggalih, ewadene Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun botên kêkilapan, amila Radèn Mas Arya Gôndakusuma lajêng dipun caosi cêculikan kawontênanipun kodrat wiradat, pangandikanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita punika sampun dipun kaparêngakên ingkang Maha Kuwasa sumêrêp dhatêng kodrating manungsa, ananging sariranipun botên sagêd adamêl kodrat, sampun ingkang damêl, anginggokakên kemawon botên sagêd, dados sadaya ingkang sampun dipun kodrat dening ingkang damêl gêsang, punika sampun têtêp, botên sagêd ewah saking pandamêling manungsa, utawi botên kenging dipun wiradati, sarêng Radèn Mas Arya Gôndakusuma amirêngakên aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita ingkang kados makatên wau, panggalihipun lajêng sumèlèh, sarta sakalangkung panuwunipun.

Sarêng sampun dumugi sadasa wulan, gêrahipun Radèn Ayu Rônggawarsita saya rêkaos, sakathahing usada sampun botên amigunani, para prayagung sêpuh sampun dipun aturi rawuh sadaya, sarêng andungkap badhe seda namung kantun mênitan kemawon, Radèn Ngabèi Rônggawarsita dipun aturi nyêlak, sarêng sampun nyêlak, Radèn Ayu Rônggawarsita matur, nyuwun pamit badhe angrumiyini, sarta angaturi wilujêng, mugi Gusti Allah [A...]

--- 3 : 49 ---

[...llah] aparing rahmat dhumatêng ingkang garwa tuwin para putranipun sadaya, satêlasing aturipun Radèn Ayu Rônggawarsita wau sarêng kalihan pêcating atma, lês, lap, kados pêsating jêmparing, ingkang anênggani ngantos sami kamitonggongên utawi kamidolopên.

Sedanipun Radèn Ayu Rônggawarsita dintên wulan tanggal taunipun têtêp kados pamêcanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ingkang sampun kaaturakên wuninga dhumatêng Radèn Mas Arya Gôndakusuma, amarêngi malêm Salasa Wage tanggal kaping 23 wulan Sura taun Wawu 1777, wanci jam 8 sontên, dumugi yuswa: 47 taun, ing wêgdal wau ing Rônggawarsitan paribasan jawah tangis, para kadang warga sarta para pawong mitranipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita sadaya sami sakalangkung ngungun, sarta botên wontên ingkang sami nyana, amila sanadyan sedanipun wau wanci dalu, ewadene ingkang sami nglayat sampun atusan, bôngsa punapa kemawon wontên, para gusti, para luhur, para bandara, para priyantun, sarta para tuwan-tuwan tuwin para bôngsa Arab, bôngsa Cina, ingkang sami nyumbang anggili botên wontên pêdhotipun, anggènipun maringi saha nyaosi pasumbang kados jor-joran, wêgdal dalu kemawon tampining yatra pasumbang sampun angsal ewon, samantên wau kajawi ingkang warni, uwos, klapa, lisah, gêndhis [gêndhi...]

--- 3 : 50 ---

[...s] tèh, mênyan, ratus, mori sasaminipun, wontên bôngsa Cina ingkang nyumbang lilin ingkang agêngipun salêngên-lêngên, kathahipun satus, sadaya wau lajêng dipun sumêdi sadaya dening ingkang nyumbang, mila padhangipun ngantos kados siyang, nunggil dalu wau layon sampun dipun sirami, sarta sampun dipun dandosi kados adad, wiwit dalu dumugi siyang, ingkang sami nglayat botên wontên pêdhotipun, paribasan kesah dhatêng, sarêng dintênipun Rêbo tanggal 24 kasarèkakên dhumatêng ing dhusun Palar, kadhèrèkakên para lêluhuripun saking pancêr putri, nalika bidhaling layon, ingkang sami nglayat kathah sangêt, para luhur Jawi Walandi pêpak, para priyantun panèwu mantri tuwin para mitra-mitra, kathahipun ngantos ewon, ingkang among tamu Radèn Tumênggung Yasadipura, Radèn Mas Arya Gôndakusuma, Tuwan Pèdrik Wintêr, saha para prayagung kaliwon kadipatèn, tuwin para panèwu mantri kabupatèn, Radèn Ngabèi Rônggawarsita namung mêmpên wontên ing pasênêtan, saking sawêg, putêg mêtêg kataman prihatin, taman tumon pêpadhanging pandam, pindha pêdhut pangidhêpe ...

Sarêng ingkang sami rawuh nglayat sampun pêpak, saha kakintên sampun atus, ingkang êmbah Radèn Tumênggung Yasadipura, lumêbêt ing dalêm, manggihi ingkang wayah Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ingkang êmbah maringi wuninga, ingkang layat sampun [sampu...]

--- 3 : 51 ---

[...n] kathah sangêt, sarèhning para luhur sampun kathah ingkang sami rawuh, amila layonipun ingkang wayah Radèn Ayu Rônggawarsita, badhe kaangkatakên sapunika, aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita namung ngaturi sasmita astanipun kaacungakên mangajêng, saha kalihan andhêku, atur makatên wau anawung raos sampun anyumanggakakên, layon lajêng kawêdalakên dening para sanak sadhèrèk, sarêng sampun mêdal saking dalêm, swaraning tangis ngantos gumêrah, ingkang dados bayangan inggih kathah.

Sapêngkêripun layon, ing Rônggawarsitan kaupamèkakên sêsupe coplok sêsotyanipun, sanalika katingal samun botên wontên mathinipun, sanadyan ingkang botên tumut andhèrèkakên inggih taksih kathah, ewadene inggih mêksa katingal samun.

Inggaling cariyos, layonipun Radèn Ayu Rônggawarsita sampun dumugi ing dhusun Palar, angèstokakên dhawuhipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, kadhawuhan nyarèkakên wontên sajawining pagêr banon capurining pasareyanipun Radèn Tumênggung Wôngsabaya, manggèn sawetaning waringin cakêt, sakilènipun ingkang rayi ing têmbe badhe kagêm sariranipun.

Nalika layon dèrèng kaangkatakên, Radèn Ngabèi Rônggawarsita matah ingkang rayi nak-sanak, nama Radèn Jayalaga, [Ja...]

--- 3 : 52 ---

[...yalaga,] putra têtilaranipun ingkang rama alit Mas Ngabèi Awijaya, kautus andhawuhakên dhumatêng ingkang rama alit nama Kyai Kartarêja ing dhusun Palar, kalêrês sadhèrèkipun jalêr Mas Ajêng Rônggawarsita kaping II, Kyai Kartarêja wau dados pradikan juru kunci ing pasareyan Palar, lênggahipun siti dhusun ing Palar sawêwêngkonipun cacah 5 jung, mawi pasumping angladosi dhahar dalêm gêmblong lèmpèng, ladosan wau ugi lêstantun dumugi sapunika, sasampuning nampèni dhawuh piwêlingipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita ingkang kados makatên wau, salêbêting panggalih angudaraos, sapisan, têka botên kasarèkakên dhumatêng ing Pêngging Ngaliyan, andhèrèk ingkang êmbah Radèn Tumênggung Sastranagara, amargi punika pasareyanipun para lêluhur pancêr saking kakung, manawi pasareyan ing Palar punika lêluhur saking pancêr putri (Sudiradirjan), kaping kalih, piwêlingipun ingkang putra ingkang dipun tampèni, Radèn Ayu Rônggawarsita kadhawuhan amrênahakên wontên sawetanipun uwit waringin cakêt, sarta mawi andhawuhakên sakilènipun ingkang rayi benjing badhe kagêm pasareyanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, manawi namung guru uwit waringin mawon, saêlèripun wit waringin taksih bawera sangêt, punapadene sawanganipun inggih prayogi, wangsul manawi manggèn wontên sawetaning uwit waringin,

--- 3 : 53 ---

dados manawi makatên, ing benjing Radèn Ngabèi Rônggawarsita badhe manggèn wontên sakilènipun uwit waringin, malah panampinipun ingkang rama alit Kyai Kartarêja, lajêng lêbêt, punapa anggènipun makatên wau saking botên rêmênipun jèjèr kalihan ingkang garwa, kaparêngipun jèjèr taksih dipun êlêt-êlêti uwit waringin, pangudaraos makatên wau sampun karêmbag kalihan para sanak sadhèrèk kathah, kalêbêt Radèn Panji Jayalaga piyambak, putusaning rêmbag, sarèhning bab punika sampun dados kaparêngipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, amila inggih namung kalêstantunakên kemawon.

Sasedanipun Radèn Ayu Rônggawarsita, sanadyan kala sugêngipun tata lairipun kawon sangêt kalihan Mas Ajêng Pujadewata (Rara Marsiyêm) ewadene sarêng seda raosing panggalihipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita kados rinujit punapadene sedanipun Radèn Ayu Rônggawarsita wau mawi anilar putra ingkang taksih timur sangêt, nama Radèn Mas Sutama, (Radèn Mas Sutama wau sarêng diwasa lajêng dados abdi dalêm mantri kadipatèn anom, kapatêdhan nama Radèn Ngabèi Sôntadikara), amila saya anambahi karêrantan saha karaos-raos ing panggalih, sarêng layonipun ingkang garwa sampun kaangkatakên, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng angarang sêrat [sêra...]

--- 3 : 54 ---

[...t] rêrêpèn kangge panglipuring panggalih, sêkaripun kinanthi, kathahipun 30 pada, blêjat-blêjat sêrat rêrêpèn wau purwakanipun kados ing ngandhap punika, nanging kuciwa dene juru pangimpun namung apal 4 pada.

kaonêngan manahên kung / akên kakênaning kanin / kaninangan nayakenas / konus nis kramaning kami / kamanungsan saniskara / karantan rêntêng kapati //

putêk mêtêk katêkan kung / mangkya kakungkung ing kingkin / kongas ing rèh karahatan / katamaning rèh palupi / têmah tangi tangisira / sira sang paramèng kawi //

kawilêting tyas malatkung / kalangkung kongkal lan angling / sira sang kalêngkaningrat / kang murut maring donadi / dening kanang kang kahanan / kaonang-onang tyas êning //

wèh onêng manungku ring kung / rêngka rêkasa sayêkti / hèh tabahtabuh. asthami kala / kulêming Anggara PaiPaing. / kapaung karya ruhara / ari sikara sirèki //

Salêbêtipun sataun, wiwit sedanipun Radèn Ayu Rônggawarsita prasasat botên wontên ingkang parlu kapacak wontên ing sêrat babad, sarêng wulan Sapar tanggal sêpuh, dados wontên salêbêtipun ing taun Jimakir 1778, Radèn Mas Arya [Ar...]

--- 3 : 55 ---

[...ya] Gôndakusuma, utusan dhumatêng ing Rônggawarsitan, aparing uninga, ingkang garwa Radèn Ayu Gôndakusuma seda, jalaran anggènipun mêntas kagungan putra, Radèn Ngabèi Rônggawarsita panggalihipun sakalangkung kagèt, sarta sangêt pangungunipun, dene botên kanyanan bilih siswanipun gêgambèn amanggih sungkawa dahat, amila sanalika lajêng sowan dhumatêng ing Gôndakusuman, konduripun ngantos wanci dalu, enjingipun lajêng wangsul dhatêng Gôndakusuman malih, parlu anguntapakên bidhaling layon, konduripun ngantos jam 2 siyang, sakonduripun saking nglayat, panggalihipun sakalangkung anggarantês, sarta sakalangkung gêgêtun, dene nalika gêrahipun Radèn Ayu Gôndakusuma Radèn Ngabèi Rônggawarsita botên mirêng sakêdhik-kêdhika, saupami mirênga, sanadyan botên kaparingan uninga, sampun tamtu sabên dalu sowan dhumatêng ing Gôndakusuman, ing môngka nalika gêrahipun ingkang garwa Radèn Ayu Rônggawarsita, Radèn Mas Arya Gôndakusuma kêrêp sangêt tindak dhumatêng Rônggawarsitan, wasana lajêng mupus ing pêpasthèn.

Amarêngi tanggal sapisan wulan Mulud taun Jimakir 1778, wanci jam 8 sontên, Radèn Ngabèi Rônggawarsita sowan tuwi Radèn Mas Arya Gôndakusuma, ingkang sawêg salêbêtipun sapêkên punika mêntas kasedan garwanipun, sadumuginipun ing Gôndakusuman, ing wêgdal wau Radèn Mas Arya Gôndakusuma [Gô...]

--- 3 : 56 ---

[...ndakusuma] sawêg lênggah rêsban wontên ing paringgitan, para putra saha para abdi sami botên katingal ngadhêp, warnining pasuryan taksih katingal labêting anawung sungkawa, sarêng uninga bilih Radèn Ngabèi Rônggawarsita sowan tuwi, panggalihipun lajêng katingal lêjar, sarta sakalangkung bingah, amila lajêng dipun papagakên tuwin dipun kanthi kalêbêtakên ing dalêm, sarêng sampun sami lênggah satata, sarta sampun kaparingan pambagyarja, Radèn Mas Arya Gôndakusuma anglairakên karênaning panggalihipun, dene ingkang rayi Radèn Ngabèi Rônggawarsita amrêlokakên tuwi sariranipun, amila Radèn Mas Arya Gôndakusuma sampun sagêd anêmtokakên bilih panggalihipun badhe sagêd lêjar dening dhatênging mausandilata, ingkang dados usadaning sadaya sêsakit.

Wangsulanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita cêkak aos, anggèning sowan punika botên namung dados panuksmaning mausandilata kemawon, ananging malah dados sajatining Sang Hyang Kanekaputra, ingkang sawêg amundhi dhawuhipun Sang Hyang Girinata, ambêkta kanugrahan ingkang badhe kaparingkên dhumatêng kêkasihing dewa ingkang sawêg anandhang sungkawa dahat, wangsulan kados makatên wau sangêt andadosakên kaprananing panggalihipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma, sanadyan ing wêgdal wau taksih sakalangkung anahên prihatos, ewadene [ewa...]

--- 3 : 57 ---

[...dene] sarêng mirêng aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita kados makatên wau, anggènipun gumujêng botên kenging dipun ampêt, wasana lajêng sinamun ing samudana sinambi nyuwun kabar, kala angkating layonipun ingkang garwa, Radèn Ngabèi Rônggawarsita anggènipun anguntapakên dumugi ing pundi, aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, namung dumugi ing Jurug, pancènipun kagungan sêdya badhe andhèrèkakên dumugi ing rêdi Ngadêg, wasana anggènipun nyambut kapalipun Tuwan Pèdrik Wintêr dipun wangsuli badhe kangge rakitan bèndi, ugi andhèrèkakên layonipun Radèn Ayu Gôndakusuma dhumatêng ing Jurug, dados panggalihipun taksih cuwa sangêt, nalika lampahing layon dumugi sawetaning bênawi, sariranipun lajêng wangsul, kalêrêsan sagêd kapanggih Tuwan Pèdrik Wintêr, amila wangsulipun saking Jurug lajêng sagêd numpak bèndi kalihan Tuwan Pèdrik Wintêr, awit saking randhating lampahipun layon, dados konduripun saking Jurug sampun kèndêl jam 12, dumugi ing Rônggawarsitan sampun jam 1 siyang, Radèn Ngabèi Rônggawarsita anglairakên agênging panggalihipun, dene para gusti, para luhur, para tuwan-tuwan, ingkang sami nglayat kathah sangêt, malah para bêndara pangeran katingal sami nglayat sadaya, mênggah ingkang makatên wau, kajawi rahmatipun ingkang seda, inggih mawi ngungak ingkang kasedan, Radèn Ngabèi [Ngabè...]

--- 3 : 58 ---

[...i] Rônggawarsita lajêng nyuwun sêsêrêpan, Radèn Ayu Gôndakusuma wau dumugi sedanipun yuswa pintên, Radèn Mas Arya Gôndakusuma amangsuli, sawêg yuswa 34 taun, langkung 11 wulan 20 dintên, dados têtêping yuswa 35 taun namung kirang 10 dintên, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng sêdhakêp, sarta sangêt pangunguning panggalihipun, tuwin katingal sakalangkung gêgêtun, wasana lajêng matur dene yuswanipun taksih ênèm sangêt, mila sariranipun ugi anawung sungkawa bela prihatos, sanadyan susahing panggalihipun sampun tanpa pêpindhan, saèstunipun inggih dèrèng sagêd sami kalihan susahing panggalihipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma, anamung sarèhning ing dunya punika botên wontên barang ingkang ganjil, têgêsipun, sabên mêntas susah inggih mêsthi amanggih bingah, sabên mêntas kacuwan, sampun mêsthi amanggih kasênêngan, dados anggènipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma nampèni cobining Pangeran kadhawuhan anglampahi sungkawa, saha kadhawuhan anglampahi cuwa, punika sampun têmtu bilih badhe anampèni lêlintu ing kabingahan tuwin kasênêngan, sasampuning têlas aturipun ingkang kados makatên wau, lajêng angungalakên jajanipun, anganglungakên mustakanipun, kalihan matur malih makatên, sajatosipun ing wêgdal punika sariranipun angêmban dhawuhipun ingkang Maha

--- 3 : 59 ---

Kuwasa, kalilan andhawuhakên dhumatêng Radèn Mas Arya Gôndakusuma, bilih wahyaning kanugrahan ingkang dados tataraning kamulyan sapunika sampun tumiyung, ambokmanawi salêbêtipun taun Jimakir punika kemawon sampun dhumawah, mênggah dhumawahing wahyu wau namung kagêm tataran kanugrahaning Pangeran ingkang kaparingakên dhumatêng Radèn Mas Arya Gôndakusuma, sawêg kagêm cithakaning kamulyan ing dunya dumugi ing akir, ngantos tumêrah para turasipun sadaya, dene kamulyan kados ingkang sampun kaaturakên kala samantên, têtêping pêpasthèn botên sagêd ewah.

Awit saking eloking aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita wau, raosing panggalihipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma, kados wontên salêbêting alam supênan, wasana lajêng karêrantan, kèngêtan katrêsnaning garwa ingkang sampun kondur dhumatêng ing kasidan jati, têka botên amêningi badhe dhumawahipun tataraning kanugrahan, kados ingkang dipun aturakên dening Radèn Ngabèi Rônggawarsita punika wau.

Sarêng sampun antawisipun jam: 12 dalu, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng nyuwun pamit badhe ngaso, Radèn Mas Arya Gôndakusuma inggih sampun anjurungi, sarta ngaturakên panuwun, tuwin ngaturakên pudyarjaning tindak ngantos dumugi ing dalêm, Radèn Mas Arya Gôndakusuma anguntapakên dumugi [dumu...]

--- 3 : 60 ---

[...gi] taritising paringgitan.

Sapêngkêripun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, Radèn Mas Arya Gôndakusuma andumugèkakên anggènipun lênggah rêsban wontên ing paringgitan, salêbêtipun lênggah namung anggagas kawontênaning sariranipun, awit saking kabêkta sayah ariping tingalipun, tuwin sungkawaning panggalih lês, lajêng sare, anggèning sare wau namung sèndhèn wontên ing rêsban kemawon, sarèhning sampun sawatawis dintên anggènipun kirang sare, dados sawanganipun katingal sakeca, kacariyos, salêbêtipun sare Radèn Mas Arya Gôndakusuma supêna dipun têdhaki swargi ingkang rama Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Mas Arya Gôndakusuma dipun paringi songsong tigan satugêl, dhawuhipun, songsong punika tataraning dhumawahipun ing kanugrahan ingkang sampun kapacangakên dhumatêng ingkang putra, sarêng sampun dipun tampèni, lajêng kaparingakên abdi kêkasihipun nama pun Karana, kadhawuhan andèkèkakên wontên ing rêngkan, sawêg dumugi samantên, Radèn Mas Arya Gôndakusuma lajêng wungu, sawungunipun sare salêbêting panggalih amuji sokur ing Allah, dene cocog kalihan pamêcanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sarèhning ing wêkdal wau sampun kèndêl jam 3, Radèn Mas Arya Gôndakusuma lajêng mlampah-mlampah, konduripun ngantos jam 6 enjing.

--- 3 : 61 ---

Antawis lêt tigang dintên saking anggènipun supêna Radèn Mas Arya Gôndakusuma, kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, dados wontên tanggal kaping 3 wulan Mulud, Radèn Mas Arya Gôndakusuma, kagungan karsa badhe têdhak dhumatêng ing Rônggawarsitan, ananging raosing panggalih tansah rangu-rangu, amargi wiwit sasedanipun ingkang garwa Radèn Ayu Gôndakusuma, dumugi sapunika, sabên dintên para bandara taksih kathah ingkang sami tuwi, ananging manawi anggalih parlunipun ingkang badhe dipun pangandikakakên, kêrsanipun wau kados botên kenging dipun êndhakakên, amila lajêng animbali dhumatêng pun Karana, sarêng sampun sowan lajêng dipun dhawuhi, bilih panjênênganipun badhe têdhak dhumatêng ing Rônggawarsitan, pun Karana kadhawuhan andhèrèk, aturipun sêndika, Radèn Mas Arya Gôndakusuma lajêng dandos, dèrèng rampung anggènipun dandos, jêdhul, pun Karana mlêbêt dhumatêng ing padandosan, angaturi uninga bilih ingkang rayi Radèn Ngabèi Rônggawarsita sowan, ananging punika wau mawi mêling dhumatêng pun Karana, punika mangke botên sagêd dangu, amargi sariranipun sayah sangêt, mêntas tindak saking Malangjiwan tuwin saking Kapanasan, Radèn Mas Arya Gôndakusuma panggalihipun sakalangkung bingah, amila lajêng mêdal amapagakên dhumatêng ing paringgitan, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng dipun kanthi kalêbêtakên [kalêbê...]

--- 3 : 62 ---

[...takên] ing dalêm, sasampunipun sami lênggah, sarta sampun kaparingan pambagyarja, Radèn Mas Arya Gôndakusuma anglairakên karêntêging panggalih anggènipun badhe pinarak dhumatêng ing Rônggawarsitan, parlu badhe angêndikakakên anggènipun supêna kala malêm tanggal sapisan kapêngkêr punika, kawontênanipun lajêng dipun pangandikakakên sadaya, Radèn Ngabèi Rônggawarsita sakalangkung bingah, aturipun, supênanipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma punika sae sangêt, wahananipun badhe sagêd têtêp kados ingkang dipun dhawuhakên ingkang rama swargi Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya wontên salêbêting supênan wau, wasana lajêng angaturakên pemut, sadèrèngipun kalampahan, Radèn Mas Arya Gôndakusuma sampun ngantos kêmba dhatêng prihatosing panggalih, wangsulanipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma sakalangkung nuwun, badhe dipun laksanani. Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng angêndikakakên parlunipun anggènipun mêntas saking Malangjiwan, tuwin dhatêng Kapanasan, parlunipun mêntas angêpyakakên dêmang (bêkêl pangajêng) nanging sarêng dumugi Malangjiwan, ingkang badhe kakêpyakakên dados dêmang wau sawêg sakit panas, sarèhning bêtahipun namung badhe angêpyakakên dêmang, dados sanadyan ingkang badhe kakêpyakakên wau sawêg pinuju sakit, inggih mêksa kakêpyakakên, Radèn Mas Arya Gôndakusuma lajêng anggarap [angga...]

--- 3 : 63 ---

[...rap] dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, makatên, sukur manawi sagêd kalampahan kakêpyakakên, dados bakuning parlu sagêd kacêpêng, Radèn Ngabèi Rônggawarsita gumujêng kalihan matur, lakar ingkang kabujêng inggih namung bakuning parlu punika.

Sarèhning sampun dumugi anggènipun sami angêndikan, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng nyuwun pamit badhe ngaso, Radèn Mas Arya Gôndakusuma inggih sampun amarêngakên, sarêng sampun sami jumênêng, Radèn Mas Arya Gôndakusuma ngêndika dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sampun ngantos kêmba anggènipun angrencang-ngrencangi dhumatêng sariranipun, aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, nuwun sêndika, insaallah dipun pêpuji sagêdipun kalampahan, tuwin sampun ngantos amanggih alangan ingkang parlu, sariranipun sagah ngadhêp ngabyantaranipun ingkang Maha Kuwasa.

Dhatêngipun Kabingahan.

Kacariyos sasedanipun Radèn Ayu Rônggawarsita, Radèn Ngabèi Rônggawarsita dèrèng kaparêng krama malih manawi botên angsal têtimbangan putri ingkang panggalihipun ragi mèmpêr kados ingkang garwa rumiyin, dados sadèrèngipun angsal têtimbangan ingkang nocogi kalihan panggalihipun, namung narimah dipun ladosi dening ampilipun kalih, inggih punika Mas Ajêng Pujadewata (Rara Marsiyêm) kalih Mas Ajêng Maradewata [Ma...]

--- 3 : 64 ---

[...radewata] (Anggotya), anamung ampil kalih wau ingkang ragi katêngên namung Mas Ajêng Pujadewata, Mas Ajêng Pujadewata punika manahipun kina, dhatêng gugontuhon pitados sangêt, saking kandêling pitadosipun dhatêng gugontuhon, paribasan sampun manjing dhatêng balung sungsum.

Amarêngi tanggal kaping: 7 wulan Mulud taun Jimakir, 1778, wanci jam: 3 siyang, Radèn Ngabèi Rônggawarsita kondur sowan kados adat, sarêng sampun lukar kampuh, dhawuh dhumatêng Mas Ajêng Pujadewata, kadhawuhan pados arta kathahipun: 10 rupiyah, awarni ringgit sadaya, Mas Ajêng Pujadewata lajêng mangkat, ingkang dipun tuju dhatêng griyanipun Mas Bêkêl Wiradikrama, ing Pêkên Kaliwon, sarêng Mas Ajêng Pujadewata sampun mangkat, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng tindak dhatêng panyêratan, dèrèng sapintêna dangunipun, Mas Ajêng Pujadewata sampun dhatêng lajêng anjujug dhatêng panyêratan, arta sadasa rupiyah warni ringgit, 4, kacaosakên, anggènipun angaturakên arta wau kalihan matur, badhe dipun agêm punapa, dhawuhipun, badhe katêtêsakên, mangke manawi sampun nêtês, badhe sagêd tikêl sadasa, Mas Ajêng Pujadewata pitados sangêt dhatêng dhawuhipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita ingkang kados makatên wau, arta sadasa rupiyah lajêng dipun sèlèhakên wontên ing meja panyêratan,

--- 3 : 65 ---

Radèn Ngabèi Rônggawarsita andumugèkakên nyêrat malih, sarêng wanci jam: 4 sontên, wontên utusanipun Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton (ingkang ing wingking asma Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Paku Buwana kaping VII, miyos saking pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Kancana, putri ing Mangkubumèn) amaringi lorodan sêkul ulam sabèri, sarta maringi ganjaran kampuh latar pêthak babaran, sêratanipun sêmèn rama, ukup balênggènipun cindhe abrit, ingkang kautus abdi dalêm cebolan kalih, bucon satunggal, ingkang ngirit abdi dalêm para nyai nama pun Mursinah, pun Mursinah matur Radèn Ngabèi Rônggawarsita, kautus Sampeyan Dalêm Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton, Radèn Ngabèi Rônggawarsita kapatêdhan lorodan dalêm sêkul ulam, saha kapatêdhan kampuh, tuwin ukup, unjukipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sakalangkung panuwun pamundhinipun, kalêrêsan, benjing bakda Mulud punika paring dalêm kampuh wau badhe dipun inggali kagêm sowan, saha mawi ngunjuk, lêbêting paring dalêm kampuh punika, kaubêdakên sampun sagêd kobèt, sêkul ulam lajêng dipun tampèni Mas Ajêng Pujadewata, namung paring dalêm kampuh dipun tampèni Radèn Ngabèi Rônggawarsita piyambak, lajêng kasèlèhakên wontên ing meja panyêratan, para utusan [u...]

--- 3 : 66 ---

[...tusan] sakawan wau kaparingan pasangon nyaringgit, tiyang sakawan dados sadasa rupiyah, ingkang kaparingan pasangon sami sakalangkung bingah ing manahipun, lajêng sami nyuwun pamit badhe malêbêt.

Sapêngkêring utusanipun Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton wau, Mas Ajêng Pujadewata katingal ragi botên kadugi manahipun, Radèn Ngabèi Rônggawarsita ingkang sampun botên kêkilapan dhatêng sêmuning tiyang, amila lajêng dhawuh dhumatêng Mas Ajêng Pujadewata, yatra kawan ringgit ingkang kagêm nyangoni punika wau, sajatosipun namung yatra sulapan, sanès yatra sayêktos, ingkang kasulap kêthokan bênang jilidan dalancang, mangke dumugi ing nglêbêt karaton, sampun wangsul dados ular-ular, kengingipun namung dipun angge amêtahakên sinjang ingkang sampun amoh, dene yatra ingkang sayêktos, taksih dipun angrêmakên, mangke sariranipun manawi sampun dhahar badhe sagêd nêtês sadaya, botên wontên ingkang kêmlêkêrên. Dipun dhawuhi kados makatên wau, Mas Ajêng Pujadewata manahipun sampun sakalangkung amituhu, mila Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng dipun aturi dhahar, ingkang ngladosi inggih namung Mas Ajêng Pujadewata piyambak, anggènipun dhahar namung wontên ing panyêratan kemawon, salêbêtipun dhahar, katamuwan nyonyah Cina nama nyonyah Gan Tang, griyanipiun ing Pêkên Agêng, nyonyah [nyo...]

--- 3 : 67 ---

[...nyah] Gan Tang wau angêmban anakipun jalêr, kintên-kintên umur 4 taun, badanipun katingal kêra, nyonyah Gan Tang angaturi uninga, anakipun punika sampun sawulan sakit panas, sampun katumbasakên jampi saking singsèh, mêksa dèrèng mantun, manawi kaparêng kasuwunakên jampi, Radèn Ngabèi Rônggawarsita (dhawuhakên bêkta majêng) sarêng sampun kaajêngakên, maripatipun lajêng dipun pariksani, wasana lajêng dhawuh dhumatêng Mas Ajêng Pujadewata, amêndhêt godhong pisang ingkang manglung mangalèr, manawi sampun kadamêla takir kalih, sarêng panakiripun sampun dados lajêng kacaosakên, takir wau dipun isèni sêkul sapêpakipun, lajêng kaparingakên nyonyah Gan Tang, kapurih andulangakên anakipun, dhawuhipun, manawi sagêd kalêbêt, insa-Allah sagêd mantun, dilalah sarêng anakipun nyonyah Gan Tang sumêrêp sêkul wontên takir wau, lajêng nêdha madhang, nyonyah Gan Tang manahipun bingah sangêt, sanalika lajêng kadulang, sarêng panêdhanipun têlas sapalih, lajêng nêdha mandhap saking êmbanan, tuwin lajêng purun, mlampah atlênyak-tlênyak (nyonyah Gan Tang saya sakalangkung bingah manahipun, saking kasoking kabingahan, nyonyah Gan Tang anilari arta kathahipun, kalih dasa rupiyah, katampèkakên Mas Ajêng Pujadewata, nyonyah Gan Tang lajêng wangsul, samantukipun nyonyah Gan Tang anggènipun dhahar ugi sampun rampung, sadaya lajêng kaundurakên,

--- 3 : 68 ---

anggènipun angundurakên lorodan wau Mas Ajêng Pujadewata tansah nyawang paring dalêm kampuh wau, sarêng sampun rampung, kampuh badhe kapêndhêt dipun tingali, ananging lajêng dipun dukani, sarta dipun dhawuhi, kampuh punika pataranganipun yatra ingkang dipun êngrêmakên, punika mangke samôngsa sapêtaranganipun kaebah-ebah, lajêng botên sagêd nêtês, sariranipun badhe kapitunan, Mas Ajêng Pujadewata ugi badhe tumut kapitunan. Mas Ajêng Pujadewata mirêng dipun dukani makatên wau manahipun sakalangkung ajrih, ananging ajrihipun wau namung saking kuwatos ambokmanawi êngrêmanipun yatra botên sagêd nêtês sayêktos, Mas Ajêng Pujadewata badhe sande nampèni kuthuking yatra.

Sajatosipun, paring dalêm kampuh wau lêmpitanipun ing lêbêt mawi dipun dèkèki yatra krêtas nyalangkung rupiyah, kathahipun sakawan lêmbar, dados gunggung satus rupiyah, ugi paringipun Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton, pandèkèkipun paring dalêm yatra wau abdi ingkang dipun utus botên sumêrêp, pancèn dipun agêm wados, namung Radèn Ngabèi Rônggawarsita ingkang botên kêkilapan.

Sarêng lorodanipun dhahar sampun kabage dhumatêng para putra wayah, paring dalêm kampuh Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton wau lajêng dipun jèrèng, ingkang anjèrèng inggih Radèn Ngabèi Rônggawarsita [Rônggawar...]

--- 3 : 69 ---

[...sita] piyambak, namung kadhawuhan angrencangi ingkang putra Radèn Ajêng Sujinah (ingkang dipun paringi pêparab Radèn Ajêng Barkat), sarêng panjèrèngipun sampun kêmput, yatra krêtas sakawan lêmbar ingkang wontên salêbêting lêmpitan, sami dhawah, dhawahing krêtas wau dipun sarêngi wêdaling pangandika, lah dalah sagêd nêtês, sagêd nêtês, botên gagar, sasampunipun ngêndika makatên wau, kampuh kadhawuhan anglêmpit malih, yatra krêtas sakawan lêmbar ingkang sami pating salêbar wontên ing ngandhap, sampun sami dipun pundhuti, sarta lajêng dipun pamèrakên dhatêng Mas Ajêng Pujadewata. Pangandikanipun, anggènipun angêngrêmakên arta sapunika sampun nêtês sayêktos, Mas Ajêng Pujadewata manahipun sakalangkung bingah, dene arta wau ingkang: 2 lêmbar: 50 rupiyah, kaparingakên dhatêng Mas Ajêng Pujadewata, dhawuhipun, ingkang kalih lêmbar badhe kaangrêmakên malih, kalihan amaringakên kampuh kadhawuhan anyampirakên ing rana pasarean ing gêdhong wetan, sapêngkêripun Mas Ajêng Pujadewata yatra ingkang 50 rupiyah wau kaparingakên ingkang putra Radèn Ajêng Sujinah, mawi dipun dhawuhi ingkang bibi Mas Ajêng Maradewata kadhawuhan maringi 10 rupiyah, Radèn Ajêng Sujinah wau putra wuragil putri ingkang mêdal saking Radèn Ayu Rônggawarsita, sami-sami putra kalêbêt dipun trêsnani piyambak, nanging sarèhning panggalihipun [panggalihipu...]

--- 3 : 70 ---

[...n] botên sagêd rukun kalihan Mas Ajêng Pujadewata, mila lajêng kapundhut suwita Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton, sawêg salêbêtipun tigang dintên anggènipun nyuwun pamit tuwi ingkang rama, amargi ingkang rama kangên sangêt, (Radèn Ajêng Sujinah wau sarêng jumênêng dalêm nata Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, Pakubuwana IX kakarsakakên dados abdi dalêm lurah carik èstri, kapatêdhan nama Nyai Lurah Wisamarta, sarta lajêng dipun tarimakakên dhumatêng abdi dalêm Urdênas Radèn Atmakartika, ingkang salajêngipun kakarsakakên dados abdi dalêm kaliwon gandhèk kiwa, kapatêdhan nama Radèn Ngabèi Jayadarsana).

Amarêngi ing dintên Kêmis tanggal kaping: 8 wulan Mulud wau, wanci jamL: 5 enjing, Radèn Atmadikara badhe mandhap caos, ing wêgdal dalu wau kalêrês anjagi wontên ing panêpèn, sarêng sampun wancining badhe mantuk, sawêg anggulung patilêman, lajêng katungka wiyos dalêm sampeyan dalêm têdhak ing panêpèn, (taksih P.B. kaping VII), sampeyan dalêm kawistara sawêg wungu sare kemawon, lajêng animbali Radèn Atmadikara, sarêng sampun majêng ing ngarsa dalêm, dhawuh pangandika dalêm kadhawuhan animbali Radèn Ngabèi Rônggawarsita sapunika, kadhawuhan andhawuhakên, sampeyan dalêm taksih angêntosi lênggah wontên ing panêpèn, unjukipun Radèn [Radè...]

--- 3 : 71 ---

[...n] Atmadikara, nuwun sêndika, lajêng mêdal, lampahipun kasêngkakakên kemawon, sarêng dumugi ing Rônggawarsitan, kalêrêsan sangêt, dene Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun wontên ing panyêratan, dhawuh dalêm wau lajêng kadhawuhakên saprêlunipun, unjukipun, nuwun sêndika, sarampunging anggènipun kampuhan, lajêng mangkat kalayan gêgancangan, sarèhning para abdi dèrèng wontên ingkang sami dandan, dados ing wêgdal wau botên wontên ingkang andhèrèkakên, sadumuginipun ing nglêbêt, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng têrus majêng dhumatêng ing ngarsa dalêm kemawon, sarêng sampun sila mabukuh sampeyan dalêm lajêng andhawuhakên, matêdhani uninga, kala wau dalu sampeyan dalêm supêna, supênan dalêm panjang sangêt, nanging sampeyan dalêm wungu sare, supênan dalêm wau kasupèn, saupami sampeyan dalêm èngêt sakêdhik kemawon sampun têmtu lajêng èngêt sadaya, amila sampeyan dalêm lajêng andangu dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, supênan dalêm kalawau dalu punika bokmanawi Radèn Ngabèi Rônggawarsita sagêd sumêrêp, sampeyan dalêm supêna punapa, unjukipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita sêndika.

Kala samantên sadèrèngipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita munjuk ing saandhap sampeyan dalêm, awangwangsonawêwangson. dhatêng Radèn [Ra...]

--- 3 : 72 ---

[...dèn] Atmadikara, pangandikanipun, benjing wulan ngajêng punika wulan Rabingulakir tanggalipun sapisan dhawah ing dintên Sêtu, dados tanggal kaping: 27, dhawah dintên Kêmis, dintên Kêmis wau kalêrês wiyosipun ajat dalêm Maesa Lawung, manawi jaman kabudan dipun wastani Rajawedha, punapa inggih sampun lêrês, Radèn Atmadikara amangsuli sampun lêrês, sarêng sampeyan dalêm mirêng wêwangsonipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita ingkang makatên wau, lajêng angandika sêmu kagèt, pangandika dalêm, supênan dalêm kala wau dalu, sampeyan dalêm sampun kèngêtan sadaya. Sampeyan dalêm lajêng angandikakakên supênan dalêm, pangandika dalêm makatên, kala wau dalu sampeyan dalêm supêna, amariksani para abdi dalêm ingkang sami ajar lawung, wontênipun ing supênan, sampeyan dalêm nitih titihan ingkang kagêm titihan dalêm kapal nama Kyai Gunawan, anggènipun amariksani wontên sêla-sêlaning waringin sêngkêran majêng mangidul, para abdi dalêm ingkang sami ajar lawung wau sarêng sampun sami nglêmpak wontên ing alun-alun, dèrèng ngantos wiwit lajêng sami dhatêng pagêlaran sadaya, sampeyan dalêm sarêng uninga para abdi dalêm sami dhatêng ing pagêlaran, ugi lajêng têdhak dhumatêng ing pagêlaran, sarawuh dalêm ing pagêlaran, para abdi dalêm ingkang sami ajar lawung wau sampun sami linggih satata wontên ing pagêlaran sadaya, Sampeyan Dalêm lajêng anguningani abdi dalêm jagal amragad maesa [ma...]

--- 3 : 73 ---

[...esa] satunggal wontên ing pagêlaran, maesa wau sasampunipun kapragat, sirahipun lajêng dipun kêthok kabêkta mangalèr, sampeyan dalêm lajêng wungu, dhawuh timbalan dalêm, supênan dalêm ingkang elok, wau awon punapa sae sarta kadospundi wahananipun.

Unjukipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, supênan dalêm sadaya wau wahananipun wontên ingkang sae wontên ingkang awon, ugi wontên ingkang namung dados pralambang, katranganipun makatên, mênggah supênan dalêm anggènipun sampeyan dalêm nitih kagungan dalêm titihan Kyai Gunawan, kagêm amariksani para abdi dalêm ingkang sami ajar lawung, punika sampeyan dalêm badhe nampèni kabingahan, saha kadumugèn ingkang dados pangèsthining panggalih dalêm, kalampahanipun sampun cêlak.

Para abdi dalêm ingkang sami ajar lawung dèrèng ngantos lawungan lajêng sami ngaso dhumatêng pagêlaran sadaya, punika badhe wontên kaparênging karsa dalêm ingkang sakalangkung wigatos, ananging kaparênging karsa dalêm wau botên sagêd kadumugèn, saking rosaning panggalih dalêm kados punapa sagêdipun kalampahan karsa dalêm wau, nanging tansah wontên ingkang mambêngi, sanadyan dêrênging panggalih dalêm paribasan wontêna ingkang mambêngi sampun botên kenging, ewadene saking rosanipun kodrat, dados mêksa [mê...]

--- 3 : 74 ---

[...ksa] botên sagêd kalampahan, ananging punika botên dados punapa.

Sampeyan dalêm anguningani abdi dalêm jagal amragat maesa, sasampunipun kapragat sirahipun lajêng kabêkta mangalèr. Maesa punika pralambangipun pirantos ingkang adamêl pagêsanganipun para kawula dalêm tiyang tani, inggih punika kangge maluku anggaru, sasaminipun, ingkang angêdalakên nipkah, punika badhe ical utawi badhe uwal saking panguwaos dalêm, dene kalampahanipun taksih radi sawatawis dangu, amargi kauninganipun ing sampeyan dalêm supênan dalêm wau kantun piyambak.

Sasampunipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita angunjukakên supênan dalêm wau, sampeyan dalêm lajêng jêngkar, dhawuh dalêm, Radèn Ngabèi Rônggawarsita kadhawuhan angêntosi rumiyin, unjukipun sêndika.

Sapêngkêr dalêm saking panêpèn, sampun wanci jam: 6 enjing, sampeyan dalêm lajêng bobotan, sajêngkar dalêm bobotan lajêng siram, sasampunipun jêngkar siram, sampeyan dalêm lajêng lênggah ing dalêm agêng, dipun adhêp para putri-putri saha para abdi dalêm èmtri,èstri. sampeyan dalêm lajêng animbali Nyai Tumênggung Soka (Nyai Tumênggung Soka punika kalêrês ingkang uwa kalihan Radèn Ngabèi Rônggawarsita, dados ingkang rayi kalihan [kali...]

--- 3 : 75 ---

[...han] Nyai Ajêng Rônggawarsita kaping II sami anakipun Mas Ngabèi Sudiradirja Gantang), sarêng Nyai Mas Tumênggung Soka sampun majêng ing ngarsa dalêm, sampeyan dalêm lajêng matêdhakakên kanthong rajut satunggal, isi arta ringgit kathahipun 100 ringgit, dhawuh dalêm kadhawuhan maringakên dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ingkang sapunika wontên ing panêpèn, dhawuh timbalan dalêm kadhawuhan ngaso, mangke kemawon wanci jam 10 kadhawuhan sowan kados adat, unjukipun Nyai Tumênggung Soka sêndika, paring dalêm arta sarta dhawuh dalêm wau sampun lajêng kaparingakên saha kadhawuhakên dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, unjukipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita sêndika.

Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng mêdal, paring dalêm arta kacangking ing asta têngên, sarêng dumugi ing kori talangpatèn lajêng kalêbêtakên ing kêpuh, para abdi ingkang botên andhèrèkakên, salong sampun wontên ingkang nusul mêthuk, dumugi ing dalêm sawêg wanci jam: 7 lêrês, lajêng anjujug dhatêng ing panyêratan, paring dalêm arta katumpangakên ing bangku, dipun tutupi makutha, lajêng tindak dhatêng ing dalêm lukar kampuh.

Sasampunipun lukar kampuh, Radèn Ngabèi Rônggawarsita wangsul dhatêng panyêratan malih, ingkang putra Radèn Ajêng Sujinah, (Barkat) katimbalan dhatêng panyêratan, kadhawuhan metang patêdhan [patêdha...]

--- 3 : 76 ---

[...n] dalêm arta, sarêng kapetang kathahipun 250 rupiyah, dhawuhipun ingkang rama ingkang 100 rupiyah kadhawuhan nyimpêni ingkang putra Radèn Ajêng Sujinah, dene ingkang 150 badhe kaparingakên Mas Ajêng Pujadewata, kagêm bêtahipun ing dalêm, sarêng Mas Ajêng Pujadewata sampun rampung anggènipun amiru kampuh, lajêng katimbalan dhumatêng ing panyêratan, arta 150 rupiyah kaparingakên.

Awit saking bodhonipun Mas Ajêng Pujadewata, arta 150 rupiyah wau kakintên têtêsanipun arta 50 rupiyah kala wingi punika, sanadyan dèrèng sagêd têtêp kados dhawuhipun kala wingi 50 rupiyah, sagêd nêtês dados 500 rupiyah ananging manahipun sampun sakalangkung bingah, dene sampun sagêd anyampêti kabêtahanipun ing dalêm, ewadene Mas Ajêng Pujadewata inggih taksih dipun dhawuhi, manawi anggènipun nêtêsakên arta kala wingi kêmlêkêrên wontên ing pasimpênan, wontên ingkang botên sagêd nêtês, dipun dhawuhi kados makatên punika andadosakên lêganing manahipun Mas Ajêng Pujadewata.

Sarêng arta sampun katanjakakên, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng dandos badhe sowan malih kados adat nuju ing dintên Kêmis, para abdi ingkang andhèrèk sampun sami cumêpak, sarêng anggènipun dandos sampun rampung lajêng bidhal, dumugi [dumu...]

--- 3 : 77 ---

[...gi] ing lêbêt sawêg kèndêl jam 10 lêrês, anjujug ing palataran kemawon, lênggahipun wontên sangandhap uwit wuni sangajênging gapura kadipatèn, nunggil abdi dalêm kadipatèn sadaya, botên dangu sampeyan dalêm miyos lênggah sewaka kados adat ing dintên Sênèn Kêmis, kacariyos, salêbêtipun sampeyan dalêm lênggah sewaka mirêng suwaraning gagak mawurahan, sampeyan dalêm lajêng paring sasmita dhumatêng abdi dalêm Ordênas Walandi Tuwan Birnat Sansêni, sarêng sampun majêng ing ngarsa dalêm, dhawuh timbalan dalêm kadhawuhan amariksani pêksi gagak ingkang mungêl punika manggèn wontên ing pundi, unjukipun Tuwan Birnat Sansêni sêndika, sarta gita-gita mêdal dhumatêng ing palataran, sarêng sampun pramana, pamanggènipun pêksi gagak wau wontên ing panggung sônggabuwana, malah mawi kapetang gagak ingkang sami mungêl mawurahan wau kathahipun: 6 iji, Tuwan Birnat Sansêni munjuk punapa kawontênanipun, sampeyan dalêm sakalangkung rêna, Tuwan Birnat Sansêni lajêng kadhawuhan nimbali dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ugi lajêng dipun timbali, sarêng sampun majêng ing ngarsa dalêm, sampeyan dalêm andangu, gagak ingkang mumêlmungêl. wontên ing panggung sônggabuwana punika punapa wahananipun. Unjukipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita makatên, pêksi gagak punika namung badhe abingah-bingah, nêdha eca, dene anggènipun sami wontên ing panggung [pang...]

--- 3 : 78 ---

[...gung] sônggabuwana punika namung angêntosi kancanipun ingkang sami dipun sêdhahi, kêncanipun wontên kagungan dalêm panggung sônggabuwana wau, mangke sakêdhap malih badhe wontên gagak dhatêng saking kidul kilèn kathahipun: 12, manawi punika mangke kancanipun sampun sami dhatêng, lajêng mangkat mangalèr dhumatêng pakuburan ing dhusun Kadipira, ing ngriku wontên pêndhêman gudèl pêjah jalaran sakit muruh, ingkang pamêndhêmipun botên patosa lêbêt, bathang gudèl wau ingkang sami badhe katêdha sakancanipun. Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng kadhawuhan mundur, sakunduripun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sampeyan dalêm lajêng animbali Tuwan Birnat Sansêni malih, sarêng sampun majêng ing ngarsa dalêm, sampeyan dalêm andhawuhakên timbalan dalêm dhumatêng Tuwan Birnat Sansêni, kadhawuhan andhawuhakên dhumatêng kamisêpuhipun abdi dalêm prajurit tamtama, bilih abdi dalêm prajurit tamtama ingkang sowan pêkèt,pikèt (dan di tempat lain). kautus dhumatêng pakuburan ing Kadipira, kadhawuhan aniti mriksa ing pakuburan Kadipira, ing ngriku wontên punapa, ingkang anampèni dhawuh unjukipun sêndika, lajêng kadhawuhakên dhumatêng abdi dalêm tamtama ingkang agantung pêkèt, nama Ki Kuda Mangun Sudibya. Ki Kuda Mangun Sudibya wau kalêrês ingkang wayah kalihan Radèn Tumênggung Wirarêja, abdi dalêm bupati gêdhong ingkang sampun seda, Ki Kuda Mangun Sudibya unjukipun sêndika, lajêng [la...]

--- 3 : 79 ---

[...jêng] mêdal dhumatêng ing kamandhungan, badhe mêndhêt kapalipun ingkang sampun kasudhiyakakên, sasampunipun dipun tumpaki lajêng bidhal, lampahing kapalipun dipun rikatakên, pangèsthining manahipun daya-daya sagêda tumuntên dumugi ing dhusun Kadipira, botên dangu sampeyan dalêm lajêng jêngkar angadhaton, ingkang sumewa sami bibaran.

Sajêngkar dalêm lênggah sewaka, sampeyan dalêm lukar pangagêman dalêm, dhumatêng ing kamar agêng, sarta lajêng dandos angagêm pangagêman dalêm padintênan, sarampung dalêm dandos lajêng miyos lênggah ing parasdya kados adat.

Kacariyos, lampahipun Ki Kuda Mangun Sudibya ingkang angêmban dhawuh dalêm kautus dhumatêng Kadipira, sarèhning botên kadhawuhakên parlu-parlunipun, dados salêbêting manah tansah akêtir-kêtir, gagasanipun warni-warni, asontan-santun, cut anggagas punapa ing Kadipira wontên kraman, ingkang singidan wontên pakuburan Kadipira, amila sarêng lampahipun sampun cêlak kalihan dhusun Kadipira, kapal tumpakanipun Ki Kuda Mangun Sudibya namung kalampahakên kemawon, parlunipun, angapal-apalakên cêcêpênganipun aji jaya kawijayan, bokmanawi kapapag ing baya pakèwêt sampun ngantos anguciwani, wasana sarêng dumugi ing dhusun Kadipira, lajêng amadosi prênahing pakuburan, sarêng sampun pinanggih, kapal tumpakanipun [tumpakanipu...]

--- 3 : 80 ---

[...n] lajêng kacancang wontên sajawining pakuburan, lumêbêtipun dhatêng pakuburan saya alon-alon, sarêng sampun wontên capurining pakuburan, anggènipun lumampah botên tilar kaprayitnan, dhwungipun tansah kakêmpit kemawon, sabêtipun lajêng kaliga, ngiras pantês kangge têkên cagaking lumampah, sarêng lampahipun sampun dumugi têngahipun pakuburan, kados punapa pangunguning manahipun, dene ing ngriku botên wontên barang bèring, sarêng sampun têtela botên wontên punapa-punapa, manahipun lajêng saya têtêg, salêbêting pakuburan dipun salasah ugi botên pinanggih barang ingkang anèh-anèh, sarêng lampahipun mangetan mangalèr, ing ngriku wontên siti dipun inggahakên, anggènipun anginggahakên mawut-mawut botên mawi kaprênahakên, sarta mambêt Gôndaning bathang ingkang sakalangkung botên eca, sanalika wau manahipun lajêng kraos tab-taban, kuliting awakipun amarinding, sirahipun kêmêl, raosipun mêngkarag, anggènipun lumampah amindhak-mindhik, sarêng sampun cêlak lajêng sumêrêp, salêbêting kalwat wau wontên pêksinipun gagak pintên-pintên dasa kathahipun, saking sêsakipun ngantos katingal atumpang-tindhih, sadaya wau sawêg sami anêdhani bathang, ananging ingkang kathêdha wau bathang punapa, Ki Kuda Mangun Sudibya dèrèng sagêd nyatakakên, sarêng sampun cêlak kalihan kalwat ingkang wontên pêksinipun gagak wau [wa...]

--- 3 : 81 ---

[...u] lajêng dipun inguk, pêksi gagak sumêrêp bilih dipun inguk ing tiyang, sadaya sami mabur, aburing gagak wau minggah dhatêng wit-witan sacêlakipun pakuburan punika kemawon, ambêtipun saya angômbra-ômbra, sanadyan ambêtipun baribasanparibasan. amotholakên irung, ewadene Ki Kuda Mangun Sudibya katêksa anamatakên wujuding bathang wau, sarêng gagak samantên wau sampun mabur sadaya, lajêng sagêd cêtha bilih ingkang kathêdha wau bathanging gudèl, ingkang pamêndhêmipun namung ukur katutupan kemawon, sarêng sampun tamat anggènipun aningali, Ki Kuda Mangun Sudibya lumampah mangilèn, bokmanawi wontên kaelokan utawi wontên punapa-punapa sanèsipun bathang punika wau, sarêng sampun dumugi watês kilèn inggih botên wontên barang-barangipun, kajawi namung pakuburan limrah kemawon, Ki Kuda Mangun Sudibya lajêng mêdal saking pakuburan, kapal tumpakanipun ingkang kacancang wontên sajawining pakuburan, lajêng dipun tumpaki wangsul dhatêng nagari, lampahing kapal dipun rikatakên, dumugi ing nglêbêt sawêg kèndêl jam satunggal lêrês, sampeyan dalêm taksih lênggah wontên ing parasdya, Ki Kuda Mangun Sudibya lajêng matur dhatêng kamisêpuhipun, kamisêpuh ingkang tampi palapuran wau lajêng angunjuki uninga ing sampeyan dalêm, lumantar nyai tumênggung ingkang tampi, sarêng sampeyan dalêm mirêng unjukipun nyai tumênggung, punapa kawontênanipun [kawo...]

--- 3 : 82 ---

[...ntênanipun] palapuran, sangêt andadosakên karênaning panggalih dalêm, saha ngantos kawêdal pangalêmbana dalêm dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita.

Amarêngi ing dintên Kêmis tanggal kaping 28 wulan Jumadilakir, taksih anunggil taun Jimakir: 1778, Radèn Mas Arya Gôndakusuma utusan dhumatêng ing Rônggawarsitan, amaringi uninga, bilih sariranipun gêrah bêntèrtis, Radèn Ngabèi Rônggawarsita kadhawuhan tuwi dhumatêng ing Gôndakusuman, amargi Radèn Mas Arya Gôndakusuma sampun kangên sangêt, supados andadosakên usadaning gêrahipun, amila sarêng sontênipun, dados malêm Jumuwah tanggal kaping 29, Radèn Ngabèi Rônggawarsita anuhoni sowan dhumatêng ing Gôndakusuman, wiwit sontên sampun dipun adhang dening pun Karana wontên ing regol, sarêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun rawuh lajêng dipun papagakên dening pun Karana, dipun aturi têrus lumêbêt ing dalêm kemawon, Radèn Ngabèi Rônggawarsita sasampunipun dumugi ing dalêm, lajêng anjujug ing pasarean, amargi Radèn Mas Arya Gôndakusuma dèrèng sagêd lênggah dangu, dados anggènipun amanggihi namung kalihan sarean, sarêng sampun dipun paringi pambagya tumuntên dipun ladosi pangunjukan, dhaharan, dhaharanipun ledre tigan, jadah tuwin tigan pindhang, tiganipun sampun sami dipun oncèki [o...]

--- 3 : 83 ---

[...ncèki] kulitipun, sarêng sampun dipun ancarakakên, ingkang kapêndhêt rumiyin tigan pindhang satunggal, lajêng kadèkèkakên ing ambêng ingkang sampun dipun ladosakên wontên ngarsanipun, tigan wau kasigar malang têngah lêrês, ingkang sasigar kacaosakên Radèn Mas Arya Gôndakusuma ugi kadèkèkakên ing ambêng, kalihan matur, kaol Jawi, tigan pindhang punika kenging kangge jampi sakit punapa kemawon sagêd mantun, manawi tigan satugêl punika sagêd kadhahar, gêrahipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma lajêng sênggang, sarta sagêd adamêl bagas kasarasaning sarira, Radèn Mas Arya Gôndakusuma amangsuli bilih dèrèng karsa dhahar amargi manawi dipun dhahari lajêng luntak, sanadyan tigan punika sampun nama isarat, ananging Radèn Mas Arya Gôndakusuma botên kaparêng andhahar, saupami kadhahar panggalihipun kuwatos ambokmanawi lajêng luntak, mindhak adamêl gograging sarira, amila mugi sampun andadosakên sêling sêrêping panggalih, aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, manawi pancèn dèrèng kaparêng inggih sampun botên dados punapa, sanadyan wontêna alanganipun, nanging botên andadosakên sabab ingkang parlu, tuwin botên badhe angewahakên kodrating sarira. Wasana lajêng sami abawa raos ingkang angindhakakên landhêping panggalih, sarêng sampun dalu Radèn Ngabèi Rônggawarsita nyuwun pamit ngaso.

--- 3 : 84 ---

Kacariyos, sarêng tanggal kaping 8 wulan Rêjêb, taksih nunggil taun Jimakir: 1778, Radèn Mas Arya Gôndakusuma kapatêdhan sêsêbutan pangeran, dados lajêng asma Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, ananging nalika dhumawahing nawala wau anggènipun gêrah dèrèng sênggang, amila lajêng kadhawuhakên wontên ing dalêm kemawon.

Sapêngkêripun ingkang andhawuhakên wisudhan wau, Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma lajêng kèngêtan supênanipun kala salêbêtipun wulan Mulud kapêngkêr punika, tuwin kèngêtan dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, dene sadaya ingkang sampun kaaturakên dhumatêng panjênênganipun, samêndhang botên wontên ingkang analisir, amila sarêng sanalika wau lajêng animbali dhumatêng pun Karana, kautus dhumatêng ing Rônggawarsitan, amaringi uninga, bilih ing dintên punika wau sariranipun kawisudha angagêm sêsêbutan pangeran dados sapunika lajêng asma Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma.

Sarêng amarêngi tanggal kaping 20 wulan Bêsar taksih nunggil salêbêtipun taun Jimakir: 1778, Radèn Ngabèi Rônggawarsita sawêg nuju lênggah wontên ing panyêratan kados adat sabên dintên, nyêrat padamêlan ingkang kagarap ing dintên wau.

Saking dongèngipun ingkang sampun kulina dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, anyariyosakên dhatêng juru pangimpu,pangimpun. Radèn

--- 3 : 85 ---

Ngabèi Rônggawarsita wau srêgêp sangêt dhatêng padamêlan nyêrat, saking srêgêpipun, paribasanipun sare tuwin dhaharipun prasasat namung kagêm sarat kemawon, sarêng sampun wanci jam 11 siyang, Mas Ajêng Pujadewata dipun timbali sajak anawung wigatos, sarêng sampun sowan, Mas Ajêng Pujadewata sakalangkung kagèt, dene pangagêmanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun têlês sadaya, wasana Mas Ajêng Pujadewata lajêng matur, pangagêman dalêm punika wau kenging toya punapa, dene sadaya sami têlês, kados mêntas siram grujug, Radèn Ngabèi Rônggawarsita amangsuli kalayan sarèh. Mêntas anulungi nyai modin, juragan agêng ing nagari Grêsik, dintên punika minggah dhatêng Surakarta, ambêkta dagangan warni-warni, anggènipun labuh wontên ing Panambangan Bêton, sarêng nyai modin sampun dumugi ing Panambangan, ing ngriku sampun dipun pêthuk dening Kenthol Martawijaya, ing Nusupan, nyai mudinmodin (dan di tempat lain). dipun purih pindhah baita pêthukanipun Kenthol Martawijaya nyai modin inggih amituruti, wasana anggènipun anjangkah cupêt, dhawah wontên ing bangawan ngantos kalêlêp, rahayunipun sariranipun sagêd amitulungi, lajêng dipun êntasakên, amila pangagêmanipun têlês sadaya, Radèn Ngabèi Rônggawarsita gumun sangêt dhatêng Kenthol Martawijaya, punika wau sarêng nyai modin kacêmplung ing bêngawan, têka namung dipun sawang [sa...]

--- 3 : 86 ---

[...wang] kemawon, pangintêning panggalihipun, kados saking anggèning akamitonggongên, sagêdipun wicantên sarêng nyai modin sampun kakêmpit dening Radèn Ngabèi Rônggawarsita, Kenthol Martawijaya sawêg sagêd ambêngok kalihan amuji sukur ring Allah, sapunika nyai modin sagêd wilujêng botên wontên sabab satunggal punapa, sarta manahipun katingal bingah sangêt, kulawarganipun sadaya inggih tumut bingah, malah punika wau wontên salah satunggaling anak putunipun ingkang oyong-oyong ambêkta bèsèk agêng badhe kaaturakên sariranipun, ananging lajêng dipun pambêng dening Kenthol Martawijaya, wicantênipun, mangke kemawon kasowanakên, manawi kacaosakên wontên ing ngriki, môngsa kaparênga nampèni, sarta amratelakakên ingkang amitulungi wau besanipun Martawijaya piyambak, nama Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sarêng makatên, sadaya lajêng sami ajrih Radèn Ngabèi Rônggawarsita andumugèkakên ngêndika, mangke sakêdhap êngkas nyai modin badhe sowan mariki, sarta sariranipun lajêng mundhut santun, sarêng sampun santun, lajêng ngêndika dhumatêng Mas Ajêng Pujadewata, punika mangke manawi nyai modin sowan mariki, badhe dipun panggihi wontên ing dalêm, amila Mas Ajêng Pujadewata kadhawuhan angrêsiki palênggahan, tuwin kadhawuhan nyambut gêlaran ingkang radi sae nanging punika [puni...]

--- 3 : 87 ---

[...ka] mangke botên susah kasêgah nêdha, namung cêkap kasêgah wedang panganan kemawon, pangananipun amêndhêta dhatêng griyanipun Nyonyah Sêni, kathahipun gangsal takir ingkang nyrupiyahan, dados gangsal rupiyah, bayaranipun kados adat. Mas Ajêng Pujadewata aturipun sêndika. Lajêng mirantos kados ingkang sampun kadhawuhakên sadaya.

Sarêng sampun antawisipun jam: 2 siyang, nyai modin saanakputunipun ingkang kabêkta dhatêng Surakarta, cacah tiyang nênêm, sami sowan dhumatêng ing Rônggawarsitan, kairid dening Kenthol Martawijaya ing Nusupan, dados tiyang wolu kalêbêt Nyai Modin tuwin Kenthol Martawijaya, ingkang kalih anyunggi bèsèk, sarêng lampahipun dumugi sangajênging pringgitan, lajêng dipun papagakên dening Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sami kairit lumêbêt ing dalêm, sasampunipun lênggah satata, lajêng dipun pambagyarja kados adat satataning para tamu, tumuntên kaparingan pisêgah wedang, panganan, ngantos sadaya sagêd waradin, nyai modin angrungkêbi anggènipun lênggah Radèn Ngabèi Rônggawarsita, kalihan matur, anggènipun sowan nyai modin punika, wigatos angaturakên agênging panuwunipun. Dene panjênênganipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sampun kaparêng amitulungi dhumatêng nyai modin. Saupami pupikapunika. wau botên kapitulungan dening panjênênganipun Radèn [Ra...]

--- 3 : 88 ---

[...dèn] Ngabèi Rônggawarsita, nyai modin sampun kalajêng pêjah kalêlêp, amila awit saking bingah-bingahing manahipun, nyai modin saanakputunipun nyuwun lilah badhe angabêkti, kajawi punika nyai modin angaturakên angsal-angsal awarni sinjang lêmês, kathahipun sadasa kêbar, rambak têrung sabèdhèng isi 100 iji, trasi abrit saglondhong 25 kati, pêtis urang sagoci, krese urang tuwin grinting, sadaya wau sami wêdalan ing Grêsik, saha anakipun jalêr angaturakên patumbasan sirap kagêm usup-usup, kathahipun 200 rupiyah, mugi kaparênga anampèni kalayan suka pirênaning panggalih.

Anggèning angaturakên arta nyai modin, katêmbungakên kagêm patumbasan sirap, punika awit saking sumêrêp dalêm ing Rônggawarsitan, payonipun sampun sakalangkung risak, saking sangêting risakipun malah langitipun prasasat katingal angêblak.

Kenthol Martawijaya anyambêti atur, kala kalêlêpipun nyai modin wau, piyambakipun sampun botên gadhah pangintên manawi sagêd kapitulungan, amargi toyanipun banawi sawêg pinuju umrik, dados wontênipun namung kamitonggongên, wêkdal nyai modin kabopong dening panjênênganipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pangraosipun kados tiyang [ti...]

--- 3 : 89 ---

[...yang] supêna, botên nyana manawi nyai modin sagêd wilujêng saking pitulunganipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, botên langkung Kenthol Martawijaya ugi angaturakên panuwun pitulunganipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita dhumatêng nyai modin wau.

Wangsulanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita dhumatêng nyai modin, tuwin dhumatêng Kenthol Martawijaya, kalayan cêkak aos, sariranipun botên pisan-pisan angrumaosi suka pitulungan dhumatêng nyai modin kala kalêlêp ing toya punika wau, ingkang ngantos andadosakên wilujênging badanipun, mênggah ingkang makatên wau awit saking kabêkta kodratipun nyai modin piyambak, atas kaparêngipun ingkang adamêl gêsang taksih kadhawuhan amanjangakên lêlampahan, dados sariranipun punika wau namung sadrêmi kagêm warananipunsarananipun. ingkang adamêl gêsang angêntaskên bêbayanipun nyai modin, ingkang wohipun nyai modin suka kabingahan dhatêng sariranipun sagotrah sagêd angraosakên kabingahan sadaya, amila botên langkung angsal-angsalipun nyai modin ingkang samantên kathahipun wau, mugi pinaringan pituwas dening ingkang amurbèng dumados, tikêl matikêl kalihan wujuding barang punika, sagêda amurakabi dhumatêng anak putunipun nyai modin sadaya, dene lantaraning kabingahan satunggal lan satunggalipun, jalaran saking Kenthol Martawijaya, Gusti

--- 3 : 90 ---

Allah anggantungi kabingahan ugi dhumatêng Kenthol Martawijaya.

Nyai modin saha Kenthol Martawijaya, sami rumaos kaluhuran sabda, amila wontênipun namung sami angaturakên panuwun, mugi pangandikanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita wau sagêda kabul. Dhawuhipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, insaallah kinabulakên dening Allah, sadangunipun nyai modin angadhêp Radèn Ngabèi Rônggawarsita, salêbêting batos ragi sumêlang mênawi jawah, botên wande sadaya badhe kêbês, amargi payoning dalêm sampun botên wontên ingkang wêtah, sami anaranthang katingal langitipun.

Sawêg kèndêl kemawon pangudaraosing manahipun nyai modin, prêpêt, ing dirgantara katingal mêndhung angêndhanu, botên dangu brês, lajêng jawah dêrês, nyai modin manahipun katingal kacipuhan, awit saking paribasaning sabda pandhita ratu, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng ngêndika dhumatêng nyai modin, makatên. Sanadyan payoning griya punika pating sarowong cêkap kangge mêrgi kucing, ananging kuwaosipun ingkang adamêl gêsang aparing kaelokan dhumatêng griya punika, salamènipun botên nate kalêbêtan ing toya jawah, dilalah salêbêtipun nyai modin linggih wontên ing dalêm Rônggawarsitan wau, sanadyan jawahipun dêrês sangêt, ewadene

--- 3 : 91 ---

sakêdhik kemawon botên wontên ingkang trocoh. Sarêng makatên, nyai modin lajêng saya katingal ajrihipun dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita.

Sarêng jawahipun sampun têrang, saha parlunipun sampun rampung, nyai modin lajêng nyuwun pamit badhe ngaso dhatêng griyanipun Kenthol Martawijaya, ing dhusun Nusupan, ngiras badhe pasrah-pasrahan gramèn, malah punika wau gramènipun sampun karumiyinakên, dhumatêng ing Nusupan.

Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng andangu dhumatêng Kenthol Martawijaya, punika wau baita tumpakanipun Kenthol Martawijaya kakèndêlakên wontên ing pundi. Aturipun Kenthol Martawijaya, sarèhning toyanipun pijunu agêng, dados kakèndêlakên wontên ing lèpèn Sampangan, dene baita ingkang agêng-agêng, punika wau sampun kalajêngakên dhumatêng ing Nusupan, Kenthol Martawijaya lajêng sêsalaman kalihan Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sapêngkêripun nyai modin tuwin Kenthol Martawijaya, lajêng katungka ing wanci sandyakala.

(Biwadhawarga utawi Adamêl Suka Wêdhar) Ambage Kabingahan

Sapêngkêripun nyai modin saking ing Rônggawarsitan, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lumêbêt ing dalêm, angsal-angsalipun nyai modin sampun dipun pariksani sadaya, sarampungipun [sarampung...]

--- 3 : 92 ---

[...ipun] anggèning mariksani, lajêng dhawuh dhumatêng Mas Ajêng Pujadewata, sontên punika Mas Ajêng Pujadewata punapa sagêd adamêl wilujêngan angrasulakên, ingkang cêkap kakêpung tiyang 30 kemawon, aturipun Mas Ajêng Pujadewata, sagêd, namung panumbasipun ayam ingkang rêkaos, ewadene manawi kaparêng amragat sawung kabiri, inggih lajêng gampil, panyuwun wau inggih dipun parêngakên, ananging amiliha ingkang sampun pêndhak, malah wuninga sawung kabiri ladosan saking Kringinan, saking Gênêng, wêrnènipun sampun ragi kasèp, punika kemawon sakawan pisan dipun pragata.

Mas Ajêng Pujadewata. Prakawis punika gampil, ananging punika mangke anggènipun nimbal-nimbali punapa sagêd kacêkap, sagêda kacêkap anggènipun nimbali para kônca, pamêndhêtipun pirantos kados pundi.

Dhawuhipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, botên mawi nyuruhi para kônca, namung para akrap piyambak kemawon, para kônca namung para panèwu mantri ingkang griyanipun cêlak.

Enggalipun anggèning damêl Biwadhawarga sagêd kalampahan ing dalu wau, sinjang lêmês angsal-angsalipun nyai modin, ingkang wolu kadhawuhan ambêdhahi sabuk, ugi sampun kalampahan dipun bêdhahi, sabên sinjang satunggal dados sabuk sakawan, dados sinjang wolu dados sabuk

--- 3 : 93 ---

32, murih botên sami kamèrèn, utawi botên rêbatan pamilihipun, amila dipun suka wêdhar, dene ingkang kalih kêbar, kadhawuhan maringakên ingkang putra Radèn Mas Panji Ranakusuma: 2. Radèn Ajêng Sujinah (Barkat).

Wiwit jam 8 sontên, para kadang warga sampun sami rawuh, para panèwu mantri ingkang katimbalan, sadaya sampun sami sowan, sarêng sampun atus, lajêng kasêgah wedang dhaharan, srutu, ingkang krêsa ngunjuk sami dipun ladosi ngunjuk konyak, para kadang warga tuwin para panèwu mantri, panggalihipun sami katingal kasdu, rahap-rahap, botên wontên ingkang èwêd pakèwêd, kabêkta saking rakêt supêkêtipun ingkang kagungan dalêm, para sadhèrèk sêpuh, para sadhèrèk ênèm, ingkang sampun sami mirêng dhatêngipun nyai modin siyang punika wau, sami adamêl pasêmon warni-warni, wontên ingkang kapengin ngagêm paningsêt limar wungu wontên ingkang kapengin ngagêm paningsêt daringin, sawênèhing kadang ingkang cucut, amangsuli para sadhèrèk ingkang sami adamêl pasêmon wau, ingkang sae piyambak punika botên kados sabuk wang kêrtas, angsaripun ayêman.

Salêbêting pajagongan sami gêgujêngan botên wontên kèndêlipun, dening sami angrumaosi kalêgan, sarêng jam: 12 dalu ambêngan sampun kawêdalakên, kathahipun: 12 panjang giri, kalêbêt rêrangkenipun, lajêng dipun wêdali ambêng, wijikan, [wiji...]

--- 3 : 94 ---

[...kan,] sacêkapipun, ingkang kantun piyambak panadhahan, dipun sasabi ing mori ijêm, sawêdalipun panadhahan wau kaupamèkakên kados wêdaling waranggana dhatêng kalanganing tayuban, sadaya sami iyêg agiyak-giyak, makatên ugi pajagongan Biwadhawarga ing dalu punika, sarêng sami uninga wêdaling panadhahan, ramening swara amawurahan, adamêl sukaning panggalihipun ingkang kagungan dalêm, sarêng ambêngan sampun rampung panatanipun, Radèn Ngabèi Rônggawarsita angingsêt bocong angewahi palênggahan, para kadang warga tuwin sanèsipun, cêp, lajêng botên wontên sabawanipun, sawarni badhe anggantosakên ijabing parlu, botên dangu Radèn Ngabèi Rônggawarsita anglairakên ingkang dados karsanipun, sapisan, amèngêti para lêluhur dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang sampun sami swarga, saking kakung saha saking putri, ambêrkahana wilujênging praja dalêm Surakarta saisinipun sadaya, wilujêngipun karaton dalêm, saisinipun sadaya, ambêrkahana kasugêngan dalêm, sagarwa putra dalêm sadaya, saha para lêluhuripun piyambak, para lêluhuripun para sanak sadhèrèk ingkang sami wontên ing ngriki sadaya, sami ambêrkahana pangèstu wilujêng sakukubanipun sadaya, kaping kalih, amèngêti Sayit Ngabdullah sagarwa putra sadaya, amèngêti Gusti Kangjêng Nabi Mukhamad Rasullolah [Rasu...]

--- 3 : 95 ---

[...llolah] sagarwa putra saha para sakabat sadaya, saha angaturi dhahar para sanak sadhèrèk ingkang sami kaaturan angêpang Biwadhawarga dalu punika, sarêng sampun rampung anggèning angujubakên, lajêng dipun dongani dening Radèn Ngabèi Rônggawarsita piyambak, anggènipun andongani mawi jumênêng, swaranipun antêp arum, pakêcapanipun cêtha, sarêng sampun rampung anggènipun andongani, para tamu lajêng sami kaladosan ambêng, sêkul ulam sapirantosipun, lajêng kaidêrakên, sami dipun aturi mundhut piyambak-piyambak, sarêng sampun waradin lajêng wiwit dhahar, ingkang dhahar sami katingal rêsêp, botên wontên ingkang sami pakèwêd, sarêng sampun dumugi anggènipun dhahar, ambêngipun lajêng sami kaundurakên, Radèn Ngabèi Rônggawarsita andhawuhakên dhumatêng ingkang putra Radèn Mas Panji Ranakusuma, angidêrna suka wêdhar ingkang kadèkèkakên ing bokor punika, ugi sampun kalampahan kaidêrakên.

Isinipun panadhahan wau badhe paningsêt: 4 warni, cacah: 32 paningsêt, manawi pambagenipun botên kasuka wêdhar, mangke mindhak sami kamèrèn pamilihipun, pamundhutipun suka wêdhar ramenipun kados angabên sawung, sarêng pambikakipun sampun rampung, paningsêt lajêng kaêdumakên waradin, miturut wêdaling suka wêdhar, sadaya kemawon sami bingah, tuwin sami

--- 3 : 96 ---

amêmuji ing kasugênganipun sang minulya Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sarêng sampun antawisipun jam: 2 dalu lajêng sami bibaran.

Sarêng tumapakipun ing taun, Ehe: 1780, Radèn Ngabèi Rônggawarsita kaparêng badhe krama malih, angsal putranipun Radèn Mas Panji Jayèng Marjaya, wayahipun Mas Arya Suryamarjaya, bupati ing Wanasaba, dados badhe garwanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita wau buyutipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sapisan (Sambêrnyawa) ijab paningkahipun ing dintên Salasa Pon tanggal kaping: 12 wulan Rabingulakir ing taun, Ehe, 1780, badhe wontên ing Jayèng Marjayan, kampung Mondhokan.

Kacariyos, nalika kirang salapan dintên saking têmpuking parlu, panggalihipun katingal sakalangkung prihatos, mênggah prihatosing panggalihipun wau ngantos kawistara ing netra katingal cêlom, salêbêtipun sungkawa wau sabên dalu tansah salat kajat wontên ing pamêjangan, manawi siyang botên nate sare, saha awis-awis dhahar, para putra-putrapara putra (dan di tempat lain). saha para sanak sadhèrèk sami angintên, mênggah sungkawaning panggalih wau sarèhning anggènipun badhe krama namung kirang salapan dintên, ing môngka dèrèng wontên punapa-punapa, saha payoning dalêm sampun katingal sakalangkung risak, mèmpêr sangêt saupami [saupa...]

--- 3 : 97 ---

[...mi] andadosakên sungkawaning panggalihipun, dados panyakrabawanipun para putra-putra saha sanak sadhèrèk ingkang makatên punika sampun lêrês kemawon, ananging mênggah sungkawaning panggalihipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita kacakrabawa kados makatên wau kalihan kanyataanipun, paribasan bumi kalihan langit, manawi namung kacakrabawa makatên kemawon, tumrap Radèn Ngabèi Rônggawarsita botên pisan-pisan kalêbêtakên ing panggalih, sarta tumrap saliranipun sanès babagan ingkang parlu.

Sarêng andungkap kirang 20 dintên, sangking dumugining ijap, dados wontên ing dintên Jumungah Kaliwon tanggal kaping 24 wulan Mulud, 1780, para putra-putra saha sanak sadhèrèk tuwin abdi-abdi sadaya sami kadhawuhan angrêsiki ing dalêm ing paringgitan tuwin, ing gandhok sapanunggilanipun, sirap-sirap kadhawuhan amasang dados satunggal kimawon sacêkapipun, manawi kirang kadhawuhan nambahi gêndhèng kintunan saking Pôncatoyan, sarêng kaandhapakên sadaya sirapipun sampun kathah ingkang risak, dados ing gajahipun dalêm saha paringgitan sami kagêndhèng sadaya, èmpèr dalêm ingkang ngajêng kasirap, èmpèring paringgitan ugi kasirap, namung èmpèring dalêm ingkang wetan kilèn saha ingkang wingking, sami dèrèng wontên payonipun, pamrayoginipun [pamrayogini...]

--- 3 : 98 ---

[...pun] para sanak sadhèrèk prayogi kapundhutakên gêndhèng malih dhatêng Pôncatoyan, nanging Radèn Ngabèi Rônggawarsita botên kaparêng, kadhawuhan namung sawontênipun kemawon, dados tirahan wêlit ingkang mêntas kagêm amêlit gandhok lajêng kagêm amêlit èmpèr Wetan, namung dados saèmpèr, sumbangan kajang saking Plumbon, kapasangakên wontên ing èmpèr wingking, namung èmpèr kilèn ingkang dèrèng wontên payonipun, dhawuhipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita cêkap dipun balarak kemawon, dados têtêp anggènipun amôncawarna, dhawuh makatên punika inggih kalampahan lajêng dipun blarak, labanipun sugih bala santana, botên ngantos langkung sapêkên panyambutipun-damêlpanyambutdamêlipun. sampun rampung sadaya, ingkang saking gêbyog saha tembok sami kausar pêthak, warnènipun inggih ragi amanglingi, nalika salêbêtipun andadosiandandosi. dalêm wau sabên dintên para siswa botên kêndhat sami amaringi utawi anyaosi warni-warni, wontên ingkang nyaosi lampit, gêlaran alus, babut, sapanunggilanipun, para bêndara kangjêng pangeran putra santana dalêm ingkang sampun sami manjing siswa pêparingipun warni-warni, wontên ingkang maringi dilah sêtolup (sêtolup punika mênawi sapunika dilah gantung) wontên ingkang maringi patehan, ingkang maringi utawi nyaosi arta inggih wontên, ingkang maringi pangagêman inggih kathah,

--- 3 : 99 ---

kalêmpakanipun pêparing wau lajêng kadhawuhan anyêrati ingkang putra Radèn Mas Panji Ranakusuma, saking cariyosipun ingkang sami sumêrêp, wiwit tambal sulam dalêm salêbêtipun sapêkên wau sampun botên dhahar punapa-punapa kajawi namung ngunjuk wedang kalihan namung anggantèn, prihatosing panggalih saya katingal sangêt, para sanak sadhèrèk ngantos botên sagêd andungkap, amila ingkang sami tinanggênah nyambut damêl, prasasat botên gadhah kêlik, sarêng anggènipun dandos-dandos saha rêrêsik sampun rampung sadaya, para siswa para mitra darma ingkang sami têbih dalêmipun, punapa dene para sanak sadhèrèk ugi ingkang griyanipun têbih, sampun sami dhatêng, para santana saking ing Nusupan, kados ajak-ajakan sami anyaosi lampit pintên-pintên supit kathahipun, siswa saking Kêdhu Parakan nama Asmangali, anggènipun anyaosi gêlaran alus ngantos sakawan sunggèn, Tuwan Pèdrik Wintêr angintuni babut alus wiyaripun saplêk ingkang jarambah sangajêng krobongan, pancèn kados makatên wau mangunahipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita manawi kaparêng anyêgah dhahar salêbêtipun pitung dintên kemawon, samukawis ingkang kaèsthi sagêd dhatêng piyambak, ananging kosokwangsulipun, manawi sampun dados kagunganipun, sanadyan sabên dintên dipun pêndhêti dening para putra, para sadhèrèk, para sanak [sana...]

--- 3 : 100 ---

[...k] sadhèrèk tuwin dalah para abdi, namung kakèndêlakên kemawon, amila barang samantên kathahipun wau manawi sampun sabibaring damêl sampun botên kantênan purugipun.

Sarêng lampit saha gêlaran sampun sami cumawis, lajêng kadhawuhan nyobi dipun gêlar-gêlari, sangajêng krobongan dipun gêlari babut pakintunipun Tuwan Pèdrik Wintêr, saha dilah sêtolup paringipun para bêndara kangjêng pangeran, kapasang wontên ing dalêm tuwin ing paringgitan, sarêng sampun rampung anggènipun anggêlar-gêlari, saha ing dalêm tuwin ing pandhapi sampun sami dipun pasangi ing sêtolup, warnènipun inggih lajêng amanglingi, dhatêng sawangan anambahi asri, sarèhning badhe têmpuking parlu taksih kirang: 12 dintên, pangangkahipun para sanak sadhèrèk panyobinipun anggèning anggêlar-gêlari wau badhe dipun gulungi malih, supados botên rêgêd, ananging Radèn Ngabèi Rônggawarsita botên kaparêng, kadhawuhan anglêstantunakên kagêm panggêngan kemawon, amargi kagalih sampun cêlak kalihan damêlipun, dados benjing têmpuking parlu botên susah dipun tata malih, kantun angrêsiki kemawon, malah sangajênging krobongan dados wontên satêngahing babut lêrês, kadhawuhan natani kursi sakawan bangku satunggal, kala samantên para putra, para sanak sadhèrèk kathah ingkang sami mambêngi, amargi manawi satêngahing dalêm dipun pasangi

--- 3 : 101 ---

kursi punika sawanganipun botên sae, ewadene Radèn Ngabèi Rônggawarsita botên kengguh dhatêng sakathahing pamambêng. Mila para putra-putra saha para sanak sadhèrèk, sadaya sami anggêgujêng.

Sarêng sampun wanci jam 11 siyang, pun Rêsatanu kautus dhumatêng ing Palugunan, kadhawuhan kapanggih Mas Ngabèi Suradôngsa, abdi dalêm mantri undhagi, katimbalan sapunika, amargi wontên parlunipun sangêt, sagêda sarêng kalihan pun Rêsatanu, botên sapintêna dangunipun, Mas Ngabèi Suradôngsa sampun sowan, anggènipun amanggihi dhatêng ing panyêratan, sarêng sampun sami satata, Radèn Ngabèi Rônggawarsita maringakên arta kathahipun 20 rupiyah, sarêng yatra sampun dipun tampèni, Mas Ngabèi Suradôngsa matur, arta: 20 rupiyah punika kaparêngipun Kiyai Bêkêl badhe kaparêng yasa punapa, dhawuhipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita kalayan bisik-bisik, kadhawuhan angiyasakakên tabêla dalah samaejanipun, ukuranipun kadugi-dugia sampun ngantos anguciwani, ananging kapundhut mangke wanci jam 6 sontên, sasampuna dumugi ing Rônggawarsitan, Mas Ngabèi Suradôngsa aturipun sêndika, anamung punika mangke kêdah dipun sambut damêl sakêdhikipun prikônca tiga, Mas Ngabèi Suradôngsa lajêng matur, têbêla punika mangke badhe kagêm sintên, Radèn Ngabèi [Nga...]

--- 3 : 102 ---

[...bèi] Rônggawarsita botên sagêd amaringi katrangan sapunika, sarta Mas Ngabèi Suradôngsa lajêng dipun lilani wangsul, aturipun sêndika, sarèhning Mas Ngabèi Suradôngsa sampun gadhah balabag saha kajêng pêsagèn, amila sampun botên susah mawi tumbas kajêng, namung angundang undhagi sampangan tiga, kapurih angrencangi, salêbêtipun anggarap, gadhah pangintên bilih têbêla wau badhe kagêm Radèn Ngabèi Rônggawarsita piyambak, amila panggarapipun dipun êpêng, balabagipun kajêng wêtah, sarta sadaya anjing-anjinganipun sami pun dhêmpul.

Ing dintên wau amarêngi ing dintên Jumungah Pahing tanggal sapisan wulan Rabingulakir, Ehe 1780, dados kirang 12 dintên saking têmpuking parlu, sarêng wanci jam 2 siyang, ingkang ibu Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita, dipun aturi pinarak dhumatêng ing dalêm, (Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita punika dêdalêm piyambak wontên sawingking dalêm Rôngggawarsitan, ingkang kadhawuhan angladosi para putra wayah) sarêng ingkang ibu sampun pinarak ing dalêm, ingkang putra Radèn Ngabèi Rônggawarsita angaturi uninga, bilih badhe têmpuking parlu sapunika namung kirang 12 dintên, amila Radèn Ngabèi Rônggawarsita nyuwun pitulunganipun ingkang ibu, saupami ingkang ibu angunjukakên sêrat, konjuk ing saandhap sampeyan dalêm, punapa ingkang ibu sagêd, wangsulanipun ingkang ibu sagêd, manawi [mana...]

--- 3 : 103 ---

[...wi] saking Rônggawarsitan dumugi kori Talangpatèn nitih bèndi, amila Radèn Ngabèi Rônggawarsita utusan nyuwun ngampil bèndi dhumatêng Prawirayudan, botên sawatawis dangu bèndi sampun dhatêng lajêng kasudhiyakakên wontên palataran, Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita bidhal malêbêt, sêrat ingkang badhe konjuk kaêmban, Radèn Ngabèi Rônggawarsita andhèrèkakên dumugi ing palataran, sapêngkêripun ingkang ibu, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng tindak dhumatêng ing gêdhong wetan, kontêning gêdhong katutup lajêng angêningakên panggalih, anêgês dhatêng ingkang Murbèng Jagad, sagêda kasêmbadan ingkang dados pangèsthining panggalih.

Amangsuli Mas Ajêng Rônggawarsita, dumugi ing lêbêt sampun wanci jam 3 siyang, sampeyan dalêm sawêg lênggah dhahar, sarêng sampeyan dalêm uninga dhumatêng Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita enggal-enggal kadangu, wontên parlunipun punapa dene kadingarèn siyang-siyang marak malêbêt, Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita lajêng munjuk punapa kawontênanipun, dhawuh timbalan dalêm kadhawuhan angêntosi, sarêng sampeyan dalêm sampun wijik, dhawuh dhumatêng abdi dalêm lurah kaparak ingkang angladosi, Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita kadhawuhan amaringi lorodan dalêm sêkul ulam tuwin dhaharan sapêpakipun, sarta kadhawuhan mundhut sêratipun Radèn Ngabèi [Nga...]

--- 3 : 104 ---

[...bèi] Rônggawarsita, ingkang badhe kaunjukakên, sarêng sampun kawaos lajêng kadèkèkakên wontên ing kagungan dalêm bèri pagantenan, dhawuh timbalan dalêm dhumatêng Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita, kadhawuhan nyipêng ing lêbêt kemawon, benjing enjing jam 7 kadhawuhan mantuk, unjukipun Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita, mugi sampun andadosakên ing dêduka dalêm, punika mangke manawi sampun rampung parlunipun lajêng badhe nyuwun pamit ngaso, amargi punika wau botên mawi prasabên manawi nyipêng, punika mangke mindhak dados pangajêng-ajêng, dhawuh timbalan dalêm inggih sampun kaparêng, sajêngkar dalêm dhahar sampeyan dalêm lajêng têdhak ing panêpèn, Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita kadhawuhan andhèrèk, sarêng sampeyan dalêm lênggah, Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita kadhawuhan majêng, sampeyan dalêm amaringakên arta kathahipun: 300 rupiyah, kadhawuhan maringakên dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, saha sampeyan dalêm amatêdhani pangèstu wilujêng, punapadene sampeyan dalêm amatêdhani pasumbang dhumatêng badhe semahipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, awarni sêngkang tongkengan sarakit, unjukipun Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita, sêmbah kapundhi, saha tumut sakalangkung bingahing manahipun, sarêng yatra saha sêngkang sampun dipun tampèni, Mas Ajêng Rônggawarsita saèstu nyuwun pamit badhe wangsul sapunika, dhawuh timbalan dalêm sampun kapakaparêng.

--- 3 : 105 ---

nyai lurah kalih ingkang ngadhêp wontên ing ngarsa dalêm, sami kadhawuhan ngêtêrakên Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita dhumatêng ing kori talangpatèn, sarêng Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita sampun numpak bèndi, nyai lurah kalih sami wangsul.

Sarêng: jam 4 sontên, Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita sampun wangsul dumugi ing Rônggawarsitan, nalika ingkang ibu ngajêngakên rawuh, Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun mêdal saking gêdhong wetan, dhumatêng ing paringgitan malampah-malampah, sarêng uninga ingkang ibu rawuh, lajêng amapagakên ingkang ibu dhumatêng ing palataran, mandhapipun saking bèndi dipun lawani ingkang putra, lajêng kadhèrèkakên dhumatêng ing dalêm, paring dalêm sêkul ulam ingkang wontên bèndi, lajêng kabêkta para wayah dhumatêng ing dalêm, sarêng sampun ragi aso sawatawis, Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita lajêng angêndika dhumatêng ingkang putra punapa saparlunipun sampun dipun pangandikakakên sadaya, patêdhan dalêm arta kathahipun 300 rupiyah, sampun kaparingakên, tuwin paring dalêm sêngkang ugi sampun kaparingakên dhumatêng ingkang putra, sarêng yatra saha sêngkang sampun katampèn ingkang putra, Mas Ajêng Rônggawarsita awêwarah dhumatêng ingkang putra benjing têmpuking parlu ijabing paningkah, sarèhning ingkang putra sampun yuswa 52 taun, kaprayogèkakên ingkang mêjana kemawon, aturipun ingkang

--- 3 : 106 ---

putra sêndika, ingkang ibu lajêng dipun aturi ngaso dhumatêng ing dalêmipun piyambak, sarta lajêng dipun aturi dhahar, sasampunipun lukar pangagêman, Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita lajêng dhahar, dipun ladosi para putra wayah, sabibaring dhahar lajêng mapan sare kados adad, lorodanipun sami katêdha dening putra wayah.

Awit saking ragi kataman sayahing sarira, dening anggènipun ngadhêp wontên ing ngarsa dalêm punika wau, amila anggènipun sare katingal sakeca, suku dumugi ing jaja kasingêpan ing kampuh, bantal alit katumpangakên ing karaupan (rai) sarêng antawisipun jam 5 sontên langkung sakêdhik, Radèn Ngabèi Rônggawarsita anuwèni ingkang ibu, angungak anggènipun sare, wusana lajêng dipun cêlaki, bantal alit ingkang tumumpang ing paraupan dipun pêndhêt dening ingkang putra, ananging astaga, ingkang ibu sampun seda, sanalika wau Radèn Ngabèi Rônggawarsita animbali ingkang putra Radèn Mas Panji Ranakusuma, pangandikanipun asêmu gugup, manawi ingkang ibu seda, para putra wayah sami arêbut dhucung anuwèni, sarêng sampun têtela manawi seda sayêktos, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng angrungkêbi sampeyanipun ingkang ibu kalihan muwun, para putra wayah lajêng sami anglut abela karuna, para tôngga têpalih tuwin para sêpuh-sêpuh ingkang sami [sa...]

--- 3 : 107 ---

[...mi] mirêng sedanipun Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita, sadaya kemawon sami kagèt, dene botên mirêng manawi gêrah, langkung malih ingkang sami sumêrêp bilih punika wau jam 4 sontên, sawêg kondur kemawon saking marak ing ngarsa dalêm, saya sakalangkung kagèt, wasana lajêng sami nglayat, amila sawêg sakêdhap kemawon kathahipun para sanak sadhèrèk ingkang sami nglayat, jalêr èstri ngantos atusan. Radèn Ngantèn Panji Ranakusuma dipun dhawuhi mêthuk ingkang rayi Radèn Ajêng Brêkat#NAME? dhumatêng ing lêbêt, ngiras angunjuki uninga saandhap sampeyan dalêm, kacènthèlakên unjuk putra dalêm Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton, sarêng Radèn Ngantèn Panji Ranakusuma dumugi ing lêbêt, Radèn Ajêng Brêkat inggih sakalangkung kagèt, dene punika wau wanci jam 3, mêntas pêpanggihan wontên ing lêbêt, amila dhawuhipun ingkang rama kalajêngakên konjuk Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton, sarta Radèn Ajêng Brêkat nyuwun pamit badhe mêdal, Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton panggalih dalêm inggih sakalangkung kagèt, amargi siyang punika wau taksih ngadhêp dhahar rama dalêm Sampeyan Dalêm, Ingkang Sinuhun, sarêng Radèn Ajêng Brêkat badhe pangkat mêdal, Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton amatêdhani patumbasan toya kathahipun 40 rupiyah Radèn Ajêng Brêkat lajêng mêdal, dumugi ing Rônggawarsitan sawêg wanci jam ½ 7 sontên, ingkang sami nglayat sampun [sa...]

--- 3 : 108 ---

[...mpun] kêbak, namung para putranipun Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita ingkang dèrèng jangkêp, amargi griyanipun sami wontên ing dhusun, ananging sadaya inggih sampun dipun paringi sumêrêp, sarta dipun timbali, sarêng wanci jam 7 sontên lajêng dipun sirami, kabêkta saking sêpuhing yuswanipun, ingkang sami ngalap barkah nyirami kathah sangêt, sasampunipun dipun sirami lajêng dipun dandosi kados adat, tuwin kalêbêtakên ing tabêla, anggènipun mundhut dhatêng Mas Ngabèi Suradôngsa siyang punika wau, karêrêmakên wontên ing dalêm, kadèkèk wontên sanginggiling bangku kapanggenakên wontên sangajênging gêdhong wetan.

Nunggil wanci: jam 7 wau, sarêng sampeyan dalêm sampun wungu, Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton marak ing ngarsa dalêm, sarêng dipun dangu lajêng munjuk, punika wau wontên kèngkènanipun abdi dalêm pun Ngabèi Rônggawarsita, angunjuki uninga ing saandhap sampeyan dalêm, bilih punika wau wanci jam 5 sontên, biyungipun Nyai Rônggawarsita sêpuh tilar dunya sampeyan dalêm ugi sakalangkung kagèt, amargi kala wau wanci jam ½ 4 sontên, taksih ngêndikan kalihan sampeyan dalêm, amila sampeyan dalêm lajêng dhawuh dhumatêng putra dalêm Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton, kadhawuhan andhawuhakên dhumatêng pramèswari dalêm, punika mangke sampeyan dalêm badhe têdhak dhumatêng ing Rônggawarsitan, pramèswari dalêm [dalê...]

--- 3 : 109 ---

[...m] saha putra dalêm Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton sami kadhawuhan andhèrèk.

Amangsuli ing Rônggawarsitan, wiwit: jam 5 dumugi jam: 8 sontên, para luhur ingkang sami anglayat anggili tanpa kèndêl, ing dalêm Rônggawarsitan ngantos kêbak, makatên ugi ingkang sami lênggah wontên ing jawi, ugi botên wontên sêlanipun, saking kathahipun ngantos angungkuli nalika sedanipun Radèn Ayu Rônggawarsita, sarêng antawisipun jam 9 sontên, sampeyan dalêm saèstu miyos, titihan dalêm kareta kèndêl wontên sangajênging paringgitan, para abdi dalêm ingkang sami nglayat, sami ambyar kados ayam tinêbak ing wolung, sami andhodhok ngapurancang sadaya, sampeyan dalêm sampun lumêbêt ing dalêm, lajêng lênggah ing kursi ingkang sampun katata wontên sangajênging krobongan, ingkang linambaran ing babut, Radèn Ngabèi Rônggawarsita dipun timbali ngadhêp wontên ing ngarsa dalêm, kadangu punapa kawontênanipun sadaya, angunjukakên umuripun sampun: 83 taun, sampeyan dalêm amiyosakên pangunguning panggalih dalêm, dene kala wau wanci jam ½ 4 siyang, taksih ngadhêp wontên ing ngarsa dalêm, amila sawungu dalêm punika wau sarêng dipun unjuki uninga putra dalêm Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton, sampeyan dalêm sakalangkung kagèt,

--- 3 : 110 ---

wusana pangandika dalêm, Radèn Ngabèi Rônggawarsita dipun pangandikani lucu sangêt, dene biyungipun sampun badhe tilar donya taksih sagêd dipun kèngkèn, manawi tiyang ingkang limrah kemawon, pêjah kirang saêjam punika malah sampun lêlampah, Radèn Ngabèi Rônggawarsita namung andhêku kalihan angaras, sarêng antawisipun jam ½ 10, sampeyan dalêm lajêng jêngkar, Radèn Ngabèi Rônggawarsita andhèrèkakên kondur dalêm angamping-ampingi titihan dalêm kareta ngantos dumugi ing radinan agêng, Radèn Ngabèi Rônggawarsita kadhawuhan wangsul, titihan dalêm mangalèr.

Saya dalu ingkang sami anglayat sampun ngawis-awisi, ing dalu wau para gusti, para luhur, kathah ingkang têdhak, sarêng antawisipun jam 12 sami kondur, para priyantun kathah ingkang sampun sami mantuk, kantun para sanak sadhèrèk ingkang taksih sami anuguri, kursi ingkang kapasang wontên satêngahing dalêm kadhawuhan ngêdalakên, layonipun ingkang ibu kadhawuhan mindhah satêngahing jarambah, sangajênging krobongan, ingkang sami diya-diniya bab panataning kursi wontên ing dalêm punika wau, sarêng sampun kalampahan kanggenipun lajêng rumaos sami kawon, sarta botên sagêd anginggahi.

Saking anggènipun angatusakên para putra wayah ingkang têbih-têbih dalêmipun, mila layonipun ingkang ibu karêrêmakên [karê...]

--- 3 : 111 ---

[...rêmakên] ngantos kalih dalu, utawi kaol Jawi sampun ngantos angangkatakên layon dintên Sêtu, sarêng dintênipun Akat Wage tanggal kaping 3 wulan Rabingulakir, layonipun ingkang ibu Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita, kasarèkakên dhumatêng Pêngging Ngaliyan, kadhèrèkakên ingkang êmbah Radèn Tumênggung Sastranagara, kaprênahakên wontên ing dagan ingkang sisih wetan, bidhaling layon wanci jam 9 enjing, ingkang sami nglayat inggih kathah, para sanak sadhèrèk tuwin para panèwu mantri ingkang sami dumugi ing Pêngging ugi kathah, dumugi ing Pêngging wanci jam 3 siyang, sadaya ingkang nguntapakên sami kasugata dhahar, bibar dhahar lajêng wangsul sadaya, dhatêngipun sarênti, ingkang numpak kapal jam 5 sampun dumugi nagari, ingkang dharat ngantos dumugi jam 9 utawi jam 10 dalu.

Sasedanipun ingkang ibu Nyai Mas Ajêng Rônggawarsita, sakalangkung pamêsuning panggalihipun, sasêlaning pandamêlan wajibipun, rintên dalu namung lênggah wontên panyêratan, sabibaring nyêrat wanci jam 2 dalu, lajêng lênggah wontên ing pamêjangan ngantos dumugi byar enjing, mênggah ingkang makatên wau bakuning karsa pancèn kagêm masuh sarira, pinarêngna dening ingkang Amurbèng Dumados, sagêda nyakup dhumatêng kawontênan ing lair batos, mênggah kawontênanipun dhahar tuwin sare, punapadene bab pangagêmanipun, namung kagêm tata krami kemawon, bakuning [ba...]

--- 3 : 112 ---

[...kuning] panggalih, ingkang nawung karsa kados makatên wau, lajêng dipun sasabi anganggit sakathahing sêrat-sêrat, ingkang dèrèng sami kawêdalakên para lêluhuripun, cara kriyanipun, Radèn Ngabèi Rônggawarsita punika dhatêng sadhengah ingkang dipun asta kikrik sangêt, botên kaparêng sabên anggêr rampung kemawon, ingkang makatên wau katitik saking anggitanipun sêrat-sêrat, pangikêting ukara tuwin têtêmbunganipun, punapa malih manawi nyêkarakên, para marsudi basa Jawi kathah ingkang sami angalêmbana.

Manawi sawêg anggarap sêrat-sêrat, ingkang botên kawêdharakên utawi ingkang kawêdharakên, sanadyan sampun kagarap rampung saha sampun dipun samakakên, manawi wontên têmbung ingkang dèrèng cocog kalihan panggalihipun, sampun têmtu dipun ewahi malih, ewah-ewahan wau botên namung narimah corèk utawi kasêrat ing mangsi abrit kemawon, ananging sasampuning kacawang utawi kacorèk ing mangsi abrit, lajêng kasêrat malih ngantos dumugi sarampungipun, mila sêrat-sêrat karanganipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ingkang taksih sêratan tapak astanipun piyambak, botên wontên ingkang corekan utawi kêrikan, dene pacakan ingkang sampun dipun ewahi wau lajêng kapacakakên babon, adamêl gumujêng.

--- 3 : 113 ---

Sarêng dintên Kêmis Pon tanggal kaping 7 Rabingulakir Ehe: 1780, dados kirang sapêkên kalihan têmpuking damêl, sanadyan botên mawi punapa-punapa, labaning priyantun luhur dipun luluti ing sanak sadhèrèk, dados ingkang sami rêrencang nyambut damêl inggih sampun kathah, ngiras pantês rêrencang pitung dintênipun ingkang ibu, amila adêging pawon sampun radi rêgêng, wiwit ing dintên wau Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun sowan para gusti para bêndara ingkang pantês dipun unjuki uninga utawi dipun suwuni pangèstu, tuwin dipun ngabêktèni, satêlasipun para gusti lajêng para bêndara kangjêng pangeran ingkang sampun manjing siswa saha ingkang dados mitra darma, lajêng dhatêng para luhur para wadana kliwon ingkang awunipun kawon sêpuh, sadaya wau namung dipun caosi uninga tuwin dipun suwuni pangèstu, botên wontên ingkang dipun aturi rawuh, sarêng sampun kirang sadintên kalihan têmpuking parlu, dalunipun nama midadarèni, para karereyan inggih wontên ingkang sami sowan dumunung namung caos bêkti, para sanak sadhèrèk sami wungon piyambakan, Radèn Ngabèi Rônggawarsita botên mêdal amanggihi, malah mêmpêng wontên ing pamêjangan kemawon, salat kajat ngantos dumugi byar enjing, dintên Salasa Pon enjing, para sanak sadhèrèk sampun sami siyaga nyambut damêl, pangaraking paningkah mangke wanci jam 5 sontên [so...]

--- 3 : 114 ---

[...ntên] sanadyan botên mawi tamu ewadene tatakramanipun ing paringgitan ugi mawi dipun gêlar-gêlari, sarèhning tamunipun namung bôngsa putri pangiring saking pangantèn putri, amila ingkang dipun tata prayogi namung ing dalêm, sarêng sampun wanci jam ½ 5 siyang Bêndara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga têdhak, andadosakên guguping panggalihipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita. Sarèhning ing jawi botên mawi dipun sudhiyani palênggahan ingkang pantês, dados lajêng dipun aturi lênggah wontên ing dalêm kemawon, Radèn Ngabèi Rônggawarsita sasampunipun amanggihi kadhawuhan tumuntên lajêng dandan, amargi sampun andungkap wancinipun badhe pangkat, salêbêtipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita dandos, lajêng katungka têdhakipun para gusti kangjêng pangeran, para wadana kaliwon, ingkang kacêlak ing saandhap sampeyan dalêm, kathahipun ngantos kalih wêlas, ingkang môngka pancèn botên dipun aturi têdhak, namung dipun aturi uninga kemawon, dados botên mawi sudhiyan punapa-punapa, sanadyan badhe andadak pasugatan inggih mêksa botên sagêd, amargi sampun kasalêpêg ing wanci, dados namung kasêgah srutu kalihan pangunjukan kemawon, sarêng sampun wanci jam 4 sontên, bèndi kagunganipun Tuwan Pèdrik Wintêr ingkang kasuwun ngampil, sampun anganggrang wontên sangajênging paringgitan, kareta

--- 3 : 115 ---

titihanipun para gusti. Para bêndara kangjêng pangeran, tuwin sanès-sanèsipun, sami jibêg wontên ing palataran, Radèn Ngabèi Rônggawarsita anggènipun dandos sampun rampung, lajêng mêdal saking gêdhong wetan, gêr, sami dipun garapi dening para gusti, lajêng rame dados gêgujêngan, sarêng sampun wanci jam 5 sontên, Radèn Ngabèi Rônggawarsita kadhawuhan bidhal, para gusti ingkang sami têdhak sadaya wau, kaparêng anguntapakên saha badhe anguningani ijabing paningkah, Radèn Ngabèi Rônggawarsita kadhawuhan tunggil sakareta kalihan Bêndara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, dados bèndi kagunganipun Tuwan Pèdrik Wintêr dipun tumpaki ingkang ngampil lopak-lopak idon, jaman kala samantên awis wontên kareta tuwin bèndi ingkang kêklêmpakan ngantos sadasa kathahipun, amila bidhaling pangkatipun paningkah Radèn Ngabèi Rônggawarsita, samêrgi-mêrgi dados têtingalan, jam 5 lêrês dumugi ing Jayèngmarjayan (kampung Mondhokan) ing Jayèngmarjayan mawi tamu para bêndara sawatawis, pangagêmipun para tamu bêndara Kangjêng Pangeran ing Mangkunagaran, Bêndara Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, inggih wontên, sarêng pangantèn sampun dumugi sangajêng dalêm Jayèngmarjayan, lajêng kapapagakên Bêndara Kanjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, dipun ancarani lumêbêt ing dalêm, para gusti-gusti ingkang sami anguntapakên, ugi [u...]

--- 3 : 116 ---

[...gi] sami kaaturan lumêbêt ing dalêm, sasampuning lênggah satata lajêng kaijabakên, sabibar ijab para gusti-gusti botên angêntosi lumadosipun dhahar, lajêng kondur sadaya, sadèrèngipun bidhal, Bêndara Kangjêng Pangeran Arya Natapura andangu dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, mangke wangsulipun dhatêng Rônggawarsitan wanci jam pintên, aturipun dèrèng sagêd nêmtokakên, ananging botên sagêd langkung antawisipun jam 7 dhawuhipun, manawi makatên punika mangke titiyanipun kareta badhe dipun tilar, mangke wangsulipun dhatêng Rônggawarsitan supados dipun tumpakdi, dene sariranipun badhe dhèrèk Bêndara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, aturipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita sakalangkung nuwun, saha ngunjukakên panuwun dhumatêng para gusti-gusti saha para luhur ingkang sampun sami kaparêng aparing kamirahan dhumatêng sariranipun, amêrlokakên sami kapengin anguningani ijabing paningkah, ingkang anambahi dados asrining sêmuwaning margi, sadaya lajêng sami gumujêng gêr-gêran, sakonduripun para gusti-gusti, pasugatanipun dhahar lajêng kaladosakên, namung barokoh tani ulam rampadan katata lesehan abêbanjêngan, sarêng panatanipun sampun rampung para tamu kakung putri sami dipun ancarani dhahar sêsarêngan, sarampungipun dhahar sawatawis, ingkang dhatêng abdi-abdi sami dipun paringi sêkul prêcita, sarampungipun [sara...]

--- 3 : 117 ---

[...mpungipun] sami nêdha, Radèn Mas Panji Jayèng Marjaya, lajêng tata-tata badhe bidhalipun putra mantu kondur dhumatêng Rônggawarsitan.

Kacariyos, nalika konduripun para gusti saking Jayèngmarjayan, Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, kêncan kalihan ingkang putra Kangjêng Pangeran Arya Natapura, sami mampir dhumatêng Rônggawarsitan rumiyin, Kangjêng Pangeran Arya Natapura ingkang sampun uninga ing sêmu kaparêngipun ingkang rama, amila aturipun namung sêndika, dumugi Rônggawarsitan sampun jam 6 lêrês, mundhut kursi kagêm lênggah kalihan ingkang putra wontên ing paringgitan, abdi dalêm anggong ingkang angusungi gôngsa saking Kusumadilagan, sampun rampung sadaya, sami katata wontên ing paringgitan sisih kilèn, babut ingkang kagêlar wontên dalêm, kadhawuhan nata wontên jawi, èmpèring paringgitan sami kadhawuhan anggêlari lampit sadaya, dilah-dilah ingkang sampun kapasang wontên ing jawi, sadaya kadhawuhan nyumêdi, manawi kirang padhang kadhawuhan mêndhêt dilah dhumatêng ing Kusumadilagan, sarêng sadaya sampun dipun uningani lajêng ngêndika dhumatêng Radèn Mas Panji Ranakusuma, sapunika badhe kondur rumiyin, mangke kemawon jam-jamanjam-jam. sanga badhe têdhak malih, sarta wontênipun kados makatên punika awit saking dhawuh timbalan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun, sarta

--- 3 : 118 ---

dhawuhakên badhe kawontênanipun mangke dalu. Sarêng sampun rampung anggènipun dhawuh-dhawuh lajêng kondur, kalihan ingkang putra Kangjêng Pangeran Arya Natapura, sapêngkêripun Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, Radèn Mas Panji Ranakusuma bingung anggènipun angwontênakên pisêgah, lajêng utusan mundhut gêndhis tèh, kopi, roti gêbag, srutu, sampun ngantos karumiyinan rawuhipun para tamu utusan dalêm. Sarêng kèndêl jam ½ 7 sontên, abdi dalêm niyaga sapanglawe jangkêp, sampun dumugi ing Rônggawarsitan, talèdhèkipun kalih, 1. pun Dari, 2. pun Manis, sami talèdhèk ijatikusuman,ing Jatikusuman. ugi sampun sami dhatêng, sarêng sampun satata, gôngsa kaungêlakên, nunggil wanci wau abdi dalêm panakawan tukang minuman salurahipun, ugi sampun sami dhatêng ing Rônggawarsitan, sami angampil paring dalêm minuman warni-warni, botên dangu lajêng katungka dhatêngipun abdi dalêm rêdênas kasêpuhan anggili tanpa kèndêl, sakêdhap kemawon ing paringgitan katingal sampun kêbak, (mênggah gôngsa saniyaganipun, dalah satalèdhèkipun, minuman sapirantosipun, punapadene abdi dalêm rêdênas kasêpuhan ingkang sami jagong sadaya wau saking paring dalêm saha saking dhawuh dalêm). Sarêng jam ½ 8 lêrês, Radèn Ngabèi Rônggawarsita sakalihan sampun rawuh, dipun kurmadi gêndhing ladrang pangantèn, kareta ingkang dipun titihi

--- 3 : 119 ---

kèndêl wontên sangajênging paringgitan, kontêning kareta sampun kawêngakakên dening Radèn Mas Panji Ranakusuma, ingkang lênggahan sami mahargyanamahargya. jumênêng saking palênggahan, sasampunipun pangantèn putri kalêbêtakên ing dalêm, Radèn Ngabèi Rônggawarsita gêntos atur pambagyarja dhumatêng para tamu sadaya, katungka lumadosipun pangunjukan, srutu, tuwin minuman, sarêng sampun sami waradin, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng kundhisi. Wosipun kemawon, sapisan dumugi kasugêngan dalêm, pramèswari dalêm, saha para putra putri dalêm sadaya kaping kalih wilujêngipun nagari dalêm Surakarta Hadiningrat, saisinipun sadaya, kaping tiga, sugêngipun saha wilujêngipun para tamu sadaya, wasana Radèn Ngabèi Rônggawarsita angunjukakên saha angaturakên panuwun, konjuk ing saandhap sampeyan dalêm, konjuk para gusti, katur para sanak sadhèrèk ingkang sami adamêl agênging panggalihipun, lajêng katampèn surak mawurahan).

Salêbêtipun pajagongan sêsambènipun namung gêgujêngan, limrah mantuning kêkancan sami garap- ginarap, panggarapipun sami alus-alusan, dados wontênipun namung suka parisuka, dhasar gôngsa tansah mungêl angrangin, binarung sindhèning waranggana, kados makatên punika ingkang anama adamêl sênênipun pajagongan.

--- 3 : 120 ---

Sarêng antawisipun jam 11 dalu, wontên kareta kalih lumêbêt ing palataran, sarêng dipun waosakên jêbul Bandara Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya, ingkang amakili pangagênging kadipatèn anom, kadhèrèkakên ingkang rayi nak dhèrèk Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, sadaya wau ingkang sampun kasusra lêbda wirama, ingkang sampun botên kewran dhatêng kridhaning gêndhing, ingkang sami lênggah wontên ing paringgitan lajêng mandhap sadaya, para satriya agung sakawan wau sarêng sampun sami lênggah, para priyantun ingkang sami mandhap wau lajêlajêng. sami katimbalan wangsul malih, sarawuhipun para satriya agêng wau anambahi asrining pajagongan, Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga andangu dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, kala wau dhatênging pangantèn wanci jam pintên, kala wau botên sagêd ngêntosi, amargi kèngêtan agantung urak dhèrèk wiyosan dalêm amêng-amêng, amila lajêng kasêsa kondur, unjukipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita kèndêl jam ½ 8 lêrês, punika wau mèh kemawon dados damêl (wontên rewal-rewelan) Radèn Ngabèi Rônggawarsita anglajêngakên aturipun, punika wau sarêng lampahing kareta dumugi sajawining regol, sariraning pun kagungan pangraos amrih malêbêt, kuwatos ambok manawi kalêbêtan ing alam panasaran (para tamu sami gumujêng sadaya) saking botên kanyanan manawi dados kados [ka...]

--- 3 : 121 ---

[...dos] makatên kawontênanipun, sarêng lampahing kareta dumugi sangajênging paringgitan, saya botên kantên-kantênan, sariranipun rumaos wontên salêbêting alam supênan, pangraos ingkang kados makatên wau sanadyan sampun kaduwa saking kêncênging panggalih, nanging taksih rumaos dèrèng pitados, wasana sarêng talinganipun mirêng swaraning gôngsa kabarung sindhèning waranggana ingkang anganyut-anyut, pêpêtêng ingkang anglimputi paningal wau lajêng padhang anjingglang kados mêdaling purnama sidhi (gêr para tamu sami gumujêng malih ambata rêbah), awit saking kabêkta cucuting pangandikanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, salêbêting pajagongan wau namung tansah gêgujêngan, kèndêl-kèndêlipun namung manawi kasêlan ungêling gôngsa, manawi ungêling gôngsa suwuk, lajêng tapuk gêgujêngan malih, kados makatên wau ngantos dumugi jam 6 enjing, sarêng prabaning diwangkara sampun anyoroti ingkang sami lêlênggahan, sadaya lajêng sami bibaran, wilujêng.

Cocoging Pamêca

Sarêng tumapakipun ing taun Jimawal 1781, amarêngi ing dintên Sêtu Lêgi tanggal sapisan wulan Jumadilakir ing taun Jimawal: 1781, Radèn Ngabèi Rônggawarsita sowan dhumatêng ing Gôndakusuman, dumugi ing Gôndakusuman wanci jam ½ 8 sontên, nanging botên pinanggih ing dalêm, amargi [a...]

--- 3 : 122 ---

[...margi] Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma sawêg nindakakên padamêlan wontên pura Mangkunagaran, Radèn Ngabèi Rônggawarsita taksih angêntosi lênggah wontên ing paringgitan, ingkang sampun dipun gêlari gêlaran alus, sarêng kèndêl jam 8 lêrês, Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma mêdal kondur sakêdhap, kados punapa bingahing panggalihipun, amargi salêbêtipun nindakakên padamêlan, kagungan panggalih badhe pinanggih Radèn Ngabèi Rônggawarsita, amila bingahing panggalihipun prasasat tanpa pêpindhan, sanalika lajêng dipun ancarani dhumatêng ing gêdhong panyêratan, adat ingkang sampun, sabên Radèn Ngabèi Rônggawarsita kapanggihan wontên panyêratan, punika têmtu wontên wigatosipun, anggènipun pêpanggihan wau namung sakêdhap sangêt, namung saparlunipun kemawon, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng nyuwun pamit, pêpanggihan wau akalihan sami kawuryan lêga lêgawa.

SawêkSawêg. antawis tigang dintên, sowanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita dhumatêng ing Gôndakusuman, Radèn Ngabèi Rônggawarsita katimbalan Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma malih, nanging sowanipun sampun ngantos langkung saking jam 7 sontên, Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun dumugi ing Gôndakusuman, lajêng kapanggih wontên ing gêdhong panyêratan, sarêng

--- 3 : 123 ---

sampun lênggah satata, Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma amatêdhani uninga, dintên punika wau wanci jam 11 siyang (Sênèn Pon tanggal kaping 3 Jumadilakir Jimawal: 1781), Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma katimbalan Tuwan Kolonèl Boskên, ingkang amakili Kangjêng Tuwan Residhèn Rapnaus ingkang sawêg pêrlop, sarêng dumugi ing paresidhenan, Tuwan Kolonèl Boskên amaringi uninga, bilih Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma anampèni partisara saking Paduka Kangjêng Tuwan, Ambèrkus Jakop, Dheimar Mantungên, ingkang jumênêng Guprênur Jendral ing Batawi, katitimangsan ing Bogor kaping 7 April, 1853 ôngka 54 ciri wadi, panjênênganipun Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma kajumênêngakên pangagênging trah Mangkunagaran, sarêng sampun têlas pangandikanipun Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma wau, Radèn Ngabèi Rônggawarsita lajêng angraup pada angabêkti, sanadyan Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma botên kaparêng, ananging dêrênging panggalihipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita botên kenging dipun sayuti, sasampuning angabêkti lajêng andonga nurbuwat, sarêng anggènipun andonga sampun rampung, Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma andumugèkakên pangandikanipun, kaparêngipun kangjêng tuwan residhèn, anggènipun badhe anjumênêngakên benjing ing dintên Jumuwah Wage tanggal kaping 14

--- 3 : 124 ---

wulan Jumadilakir punika wanci jam 9 enjing, wontên ing pandhapi Mangkunagaran, sarêng sampun rampung saparlunipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita nyuwun pamit badhe wangsul, samêdalipun saking panyêratan prayagung sakalihan sami sêsarêngan, Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma amaringakên kanthong sêrat, sarêng sampun dipun tampèni, kalêbêtakên kanthonganing rasukan, sadumuginipun ing dalêm kanthong wau sarêng kabikak, isinipun salêmbar kêrtas nyatus rupiyah.

Sarêng ing dintên Jumungah Wage tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir wau, wanci jam 9 enjing, Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, saèstu kajumênêngakên pangagênging trah Mangkunagaran, amila wiwit kirang tigang dintên kalihan têmpuking parlu, ing Mangkunagaran sampun wiwit kapajang-pajang, sadaya saka pananggap punapa dene saka taratag, sami karêngga ing tuwuhan, wiwit sangajênging gapura dumugi ing pamedan, nêkuk mangetan dumugi parapatan Nonongan, sami dipun panjêri daludag umbul-umbul, saha gôngsa munggang kaprabon tuwin carabalèn.

Ing dintên Jumuwah wau wanci jam 7 enjing para putra santana saha para punggawa agêng alit, sampun sami sowan pêpak, sarêng wanci jam ½ 9 enjing Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, sakarereyanipun abdi dalêm para bupati jawi lêbêt, saanon-anonipun, tuwin mas pangulu [pangu...]

--- 3 : 125 ---

[...lu] tapsir anom, sampun sami pêpak wontên pandhapi Mangkunagaran, nunggil wanci wau Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi, Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Mijaya, saha bandara kangjêng pangeran putra dalêm sadaya, para Kangjêng Pangeran santana dalêm, ugi sampun rawuh wontên pandhapi Mangkunagaran.

Wanci jam 9 lêrês, kangjêng tuwan wakil residhèn, kadhèrèkakên para tuwan-tuwan amtênar, Mardika, tuwin para tuwan-tuwan mayor, kapitan, upsir ing loji agêng, sampun rawuh ing Mangkunagaran, sadaya wau sami mangagêm baku pameran, kaurmatan ungêling gôngsa, munggang, saha carabalèn, sarêng sampun sami têtabikan kalihan para pangagêng, sadaya lajêng sami lênggah satata, botên sawatawis dangu kangjêng tuwan wakil residhèn jumênêng saking palênggahan, tamu agung ugi sami jumênêng sadaya, kangjêng tuwan wakil residhèn lajêng anglairakên ing pangandika sadaya lêlabêtanipun Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, wiwit yuswa 15 taun, sampun dados militèr prajurit Mangkunagaran, dumugi dintên wau sampun anglampahi pandamêlan laminipun: 28 taun, salêbêtipun 28 taun wau sampun anglampahi pandamêlan warni-warni, wiwit pangkat alit ngantos dumugi anglampahi pandamêlan ingkang pangkat agêng, botên nate nglampahi kalêpatan, saking saening [sa...]

--- 3 : 126 ---

[...ening] lêlabêtanipun, ngantos kangjêng guprêmèn amaringakên ganjaran warni-warni dhumatêng Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, sapisan awarni mêndhali anggènipun sampun anglampahi pêrang kala jaman dauru Dipanagaran, kangjêng tuwan wakil residhèn pancèn inggih sampun anyipati piyambak dhatêng kawantêraning panggalih nalika Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma anglampahi dados militèr, pancèn pantês pinuji, amila awit saking kaparêngipun kangjêng guprêmèn, Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma kawisudha dados pangagênging trah Mangkunagaran, ajêjuluk Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana. Sasampunipun rampung anggènipun andhawuhakên, tuwan juru basa lajêng maos sêrat partisara saking kangjêng guprêmèn, sarêng sampun rampung pamaosipun, para tuwan-tuwan sadaya lajêng têtabikan kalihan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, sarampunging ngunjuk kawilujêngan, kangjêng tuwan wakil residhèn lajêng kondur dhumatêng loji paresidhenan, para tamu sadaya bibaran.

Sarêng sampun wanci jam 11 siyang, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana lajêng sowan dhumatêng ing loji paresidhenan, mawi upacara kaprabon, kadhèrèkakên para pangagênging prajurit Mangkunagaran, saha para pangagênging punggawa, parlu angaturakên panuwun, bidhal saha konduripun [kondur...]

--- 3 : 127 ---

[...ipun] kaurmatan ungêling kodhok ngorèk saha carabalèn mawi pakurmatan drèl saha mariyêm.

(Pratelan ing nginggil punika saking Mas Ngabèi Jayawiyata, ingkang dipun sêrati Radèn Ayu Jayadarsana).

Jumênêngipun Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, dados pangagênging trah Mangkunagaran, asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, pinèngêtan ing dintên Jumuwah Wage tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir ing taun Jimawal, 1781, wuku Landêp, windu Kunthara, Rodra Tungle dangu, sumursinaba, sumêngkaning cèlèng têmbalung, rahayu, samubarang damêl sae.

Namung Kagêm Ambeda

Sajumênêng dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, sadaya kemawon sampun têmtu kagungan pangintên, bilih Radèn Ngabèi Rônggawarsita badhe sagêd dados priyantun sugih, amargi paring dalêm kangjêng gusti lumintu kados ilining toya lèpèn, ing môngka paring dalêm kangjêng gusti punika botên namung dasanan kemawon, ananging ngantos atusan dumugi ewon rupiyah, langkung malih saking patêdhan dalêm, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, inggih ugi lumintu kemawon, paribasan, dèrèng têlas sampun dipun paringi malih, malah saupami dipun satitèkakên utawi dipun gunggung, manawi namung kalih dasa èwu rupiyah kemawon kapara [kapa...]

--- 3 : 128 ---

[...ra] langkung, ewadene sarêng kagêm Radèn Ngabèi Rônggawarsita, nyampingipun kemawon botên rangkêp, saking punapa, kados inggih saking sampun botên rêmên dhatêng kawontênan donya punika wau, saupami Radèn Ngabèi Rônggawarsita punika sampuna kandêl panggalihipun dhatêng tata krami, bokmanawi sampun dados priyantun majênun, sarèhning panggalihipun taksih santosa, saha taksih angagêm dhatêng kalimrahan, kagungan damêl mantu, supitan sapanunggilanipun, manawi ngungak dhatêng kawontênan ingkang kados makatên wau dados tujuning panggalih angirib-irib dhatêng lampahing kapandhitan.

Nalika Radèn Ngabèi Rônggawarsita, badhe kagungan damêl angramakakên ingkang putra saking Mas Ajêng Pujadewata, nama Radèn Rara Mumpuni (sarêng sêpuh nama Radèn Ngantèn Martawarsita), paribasan botên kagungan panjêlang, dalêmipun sampun katingal risak, sanadyan kala badhe krama mêntas dipun payu, ananging sarèhning payon wau saking bôngsa godhong, dados samangke sampun katingal sami naranthang malih, isèn-isèning dalêm saupami kasade botên pajêng 5 rupiyah, gêlaran ingkang dipun agêm lênggah sampun lami sangêt tuwin botên wêtah, lajêng dipun rangkêpi wacucaling maenda gèmbèl, manawi wontên tamu ingkang kagêm lênggah kasambutakên dhumatêng tôngga têpalih ingkang cêlak, ewadene sampun kaparêng amutus rêmbag apa

--- 3 : 129 ---

têmtuning dintên wulan ingkang badhe kagêm ijabing pangantèn, punapa dene wontênipun ing rancangan ingkang sampun kadhawuhakên dhatêng besan, badhe agêng-agêngan, mênggah ingkang makatên wau inggih saking kandêling pitadosipun dhatêng ing kabatosan, kala samantên sarêng kirang sawulan kalihan pêpetanganing dintên ingkang badhe kangge ijab, Radèn Ngabèi Rônggawarsita sowan dhumatêng ing Mangkunagaran, angunjuki uninga sampeyan dalêm kangjêng gusti, sarêng parlunipun sampun kaunjukakên sadaya, dhawuh dalêm kangjêng gusti sakalangkung bingah, sarta aparing pangèstu wilujêng dhumatêng badhe pangantèn tuwin dhumatêng sadayanipun, namung ragi wontên gêtuning panggalih dalêm, dene ing wêkdal punika sawêg arungan parluning karsa dalêm kangjêng gusti iyasa pabrik Calamadu, ingkang waragadipun botên sakêdhik, saupami botên sawêg kasarêngan parlu dalêm ingkang kados makatên wau, sampun têmtu sagêd amaringi pitulungan kados panyuwunipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita wau, sarêng sawêg wontên sêsarênganipun ingkang wigatos, dados botên sagêd amaringi, dene manawi namung kangge tumbas jajan pêkên kemawon, badhe dipun paringi, kangjêng gusti lajêng jumênêng têdhak ing dalêm, namung sakêdhap sangêt lajêng miyos malih, asta dalêm anyangking buntêlan dalancang ing lêbêt sajak sampun isi yatra uwang krêtas, sarêng sampun lênggah lajêng kaparingakên dhumatêng Radèn Ngabèi [Ngabè...]

--- 3 : 130 ---

[...i] Rônggawarsita, unjukipun sakalangkung kapundhi, lajêng kalêbêtakên dhatêng kanthongan rasukan, saha nyuwun pamit mundur.

Sapêngkêripun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, raosing panggalih dalêm kangjêng gusti sakalangkung sumêdhot, kèngêtan lêlampahan ingkang sampun kapêngkêr, panggalih dalêm sakalangkung trênyuh, amila kangjêng gusti lajêng animbali abdi dalêm jayengan, nama Jayèng Kahwaya, sarêng dumugi ing ngarsa dalêm, dhawuh dalêm kangjêng gusti pun Jayèng Kahwaya kadhawuhan atut wingking lampahipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, dhatênga ing pundi-pundi kadhawuhan atut wingking kemawon, sampun cêlak-cêlak tuwin sampun têbih-têbih, punapa kawontênanipun kadhawuhan saos unjuk, unjukipun Jayèng Kahwaya sêndika lajêng mangkat agêgancangan, tindakipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita sawêg dumugi ing ngêkrun Mangkunagaran, pun Jayèng Kahwaya sampun wontên ing wingkingipun. Radèn Ngabèi Rônggawarsita tindakipun mangetan lêrês, dumugi parapatan saêlèr jaratan Walandi, lajêng minggok mangidul, sarêng dumugi paratigan Bathangan, ing ngriku wontên tiyang ambarang reyog sawêg pinuju bèbèr, lajêng dipun cêlaki dening Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sarêng anggènipun bèbèr sampun kèndêl, dipun dangu, manawi katanggap sadumuginipun, tanggapanipun pintên, aturipun, ingkang sampun kalampahan tanggapanipun 10 rupiyah, lajêng dipun dhawuhi

--- 3 : 131 ---

dhumatêng ing Rônggawarsitan, badhe katanggap 10 rupiyah, Radèn Ngabèi Rônggawarsita andumugèkakên tindakipun mangidul, sarêng sampun dumugi ing dalêm lajêng anjujug ing panyêratan, dèrèng ngantos lukar paringipun arta kangjêng gusti lajêng kabukak saking buntêlan, byar, isinipun namung krêtas sadasa rupiyah satunggal, sarêng mêntas ambikak buntêlan wau, Radèn Ngabèi Rônggawarsita arêngêng-rêngêng sêkar agêng têmbang Gôndakusuma, dumugi sapada katungka dhatêngipun reyog, dipun garubyug tiyang ningali kathah sangêt, swaranipun kumarusuk pating caruwèt ngantos kados kêthèk rêraton, sarèhning sawêg jan 11 siyang, ing palataran taksih bêntèr-bêntèripun, dados anggènipun anjogèd kadhawuhan manggèn ing paringgitan kemawon, sarta dipun dhawuhi amiwiti.

Pun Jayèng Kahwaya, ingkang dipun dhawuhi atut wingking tindakipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sarêng sampun têrang bilih kondur dhumatêng ing Rônggawarsitan, botên mawi mampir-mampir, lajêng wangsul, sadumuginipun ing Mangkunagaran kangjêng gusti taksih lênggah, amila lajêng munjuk punapa kawontênanipun, sadaya sampun sami kaunjukakên, dalah anggènipun ananggap reyog 10 rupiyah, ugi kaunjukakên, kangjêng gusti namung gumujêng, ananging ing sêmu kawistara manawi kaduwung.

--- 3 : 132 ---

Inggih Ugi Namung Kagêm Ambeda

Reyog jaman kina punika ingkang dipun laras lawungan, sami angabên kasagêdan saha kaprigêlanipun anumpak kapal, ugi ngabên kaprigêlanipun anyêpêng lawung, gêlaring panumbak sapanunggilanipun, kathah-kathahipun tiyang wolu, têrkadhang namung sakawan, inggih wontên ingkang ngantos: 16 utawi langkung, nanging lajêng nama barisan rodad, reyog wau panganggenipun cara Jawi jangkêp, tanpa rasukan, sami angewal dhuwung, mawi kalung kacu abrit, sami angatingalakên kabêsusanipun, wiraganipun angewak-ewakakên, sasampunipun reyogan suwugsuwuk. ingkang têmtu gêntos mêdal pênthul wayuh, lêlampahan pênthul wayuh, punika pasêmon kawontênanipun tiyang wayuh ingkang botên sêmbada, utawi tiyang wayuh ingkang angangge wêwatêkan pilih êsih, tiyang èstri ingkang gadhah dhêdhasar susila, ningali topèng lêlampahan pênthul wayuh punika lingsêm sangêt, satêlasipun lêlampahan pênthul wayuh wau, lajêng gêntos sulapan, panyulapipun ajêgan, têmtu tiyang dipun bônda, kalêbêtakên ing sêngkêran sawung, dipun adhêpi udhêng lêmpitan, sarêng sêngkêranipun kabikak, tiyang ingkang kabônda wau sampun udhêng-udhêngên, bandanipun botên ewah, lajêng kalêbêtakên ing sêngkêran malih, sarêng sampun kabikak, sampun sagêd ucul udhêng, udhêngipun sampun lêmpitan [lê...]

--- 3 : 133 ---

[...mpitan] malih kados kala wau, bandanipun inggih taksih botên ewah, sarêng kalêbêtakên sêngkêran ingkang kaping tiga, sarêng kabikak bandanipun sampun ucul, dhadhungipun sampun kagulung wangun tali bandhang: kalangkungan jawi ingkang kados makatên wau, bôngsa Jawi taksih sami rêmên, amila tiyang ningali inggih kathah sangêt, ngantos botên angraosakên bêntèring sêngenge.

Kala samantên sarêng panataning gôngsa sampun rampung, ingkang badhe angreyog sampun sami siyaga, lajêng wiwit reyogan, pangêrèhing kapal botên tilar wiraganing badan, sarêng sampun sawêtawis dangu wiramaning gôngsa kasêsêgakên, lajêng wiwit bênthak-binênthak lawung, satunggal lan satunggalipun sami kasakitan, wasana lajêng dados catur sura panggah, sami gêbag-ginêbag yêktos, lajêng dados gêlut rukêt, ingkang sawau ungêling gôngsa kasêsêgakên, sarêng anggènipun gêlut katingal yêktosan, malah mawi suwut-sinuwut udhêng, ungêling gôngsa kasuwuk, ingkang anabuhi kapêksa misah ingkang sami suwala wau, sarêng sampun kapisah lajêng sami kèndêl ngaso, sakalih-kalihipun sajak sami botên angrumaosi manawi mêntas suwala ngantos kados makatên ramenipun, sarêng sampun sami ngaso gôngsa lajêng kaungêlakên malih, mungêl gêndhing loro-loro, ingkang dados pênthul wiwit anjogèd,

--- 3 : 134 ---

panjogèdipun ngantos ragi sawatawis dangu, kèndêling panjogèd sarêng bok sêpuh dhatêng ambêkta kintunan, sawêg dipun pitakèni angintun punapa, katungka dhatêngipun bok ênèm, ugi ambêkta kintunan, lêluconipun inggih ajêg kemawon sami gèrèt-ginèrèt, jêngkang-jinêngkang, dilalah bok sêpuh anggènipun anjêngkangakên bok ênèm ragi karosan, ngantos dhawah sayêktos, lajêng dipun surak dening tiyang ningali, satanginipun bok ênèm gêntos anjêngkangakên dhatêng bok sêpuh, ugi ngantos kalumah, satanginipun bok sêpuh lajêng angulêng bok ênèm, bok ênèm ugi purun, lajêng ulêng yêktosan, jambak jinambak ngantos botên kenging dipun pisah, ingkang dados bok sêpuh bok ênèm sampun sami berotên, kalih pisan ngantos sami kasupèn dhatêng kadadosanipun, gôngsa ugi lajêng suwuk malih, iyaganipun lajêng misah ingkang sawêg sami berotên wau, sarêng sampun sami kapisah inggih lajêng ical botên wontên tabêtipun bilih mêntas ulêng.

Dèrèng ngantos dumugi sulapan, sampun kabibarakên, kala samantên sawêg antawisipun jam 2 siyang.

(Kados Supêna)

Sarêng sampun têrangkirang. sadasa dintên anggènipun kagungan damêl, Radèn Ngabèi Rônggawarsita dipun timbali Kangjêng Gusti Pangeran Adipati [A...]

--- 3 : 135 ---

[...dipati] Arya Prabu Prangwadana, wanci jam: 7 enjing, sasampuna dumugi ing Mangkunagaran, dhawuh dalêm Kangjêng Gusti wau inggih kaèstokakên, sarêng sampun dumugi ing Mangkunagaran, lajêng kadhawuhakên majêng, pangandika dalêm Kangjêng Gusti kangên sangêt, sarta kagungan kaul, manawi sampun jumênêng pangagênging trah Mangkunagaran, Radèn Ngabèi Rônggawarsita kadhawuhan andhèrèk dhahar.

Kala samantên ingkang kadhawuhan ngadhêp para bandara riya putra dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping III saha para santana sanèsipun, antawisipun prayagung wolu. Paring dalêm pisêgah, wedang tèh, srutu, konyak, pangandika dalêm kangjêng gusti warni-warni, adamêl talatosipun ingkang sami lêlênggahan.

Nunggil wanci wau, ing Rônggawarsitan kadhatêngan utusan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, abdi dalêm pangagênging undhagi, kanthi karèrèhanipun undhagi: 10, tukang batu saha bau intiran: 25 ngirit garobag lêmbu: 5 iji, isi kajêng warni-warni, sirap, usuk, balabag, rèng kajêng, banon, wêdhi, gamping, sapirantosipun, tuwin dêling gêdhèg, kepang, sarêng sampun dumugi ing Rônggawarsitan, nyuwun lilah dhumatêng Radèn Mas Panji Ranakusuma saha Radèn Ayu Rônggawarsita, awit saking dhawuh dalêm kangjêng gusti, kadhawuhan [kadhawuh...]

--- 3 : 136 ---

[...an] andandosi dalêm sapanunggilanipun, ingkang sampun katingal risak kadhawuhan amulyakakên, sarêng sampun dipun paringi palilah, sadaya lajêng sami nyambut damêl, ingkang kamulyakakên botên namung ing dalêm, paringgitan, gandhok kemawon, dalah sumur, jamban, pawon ugi sami dipun mulyakakên, tirahanipun wêdhi kaurugakên ing palataran, sadaya ingkang sami katingal rêgêd, saha dèrèng tata, lajêng sami dipun rêsiki, saha sami dipun tata sae, lungsuraning sirap saha gêndhèng ingkang sampun botên kangge, sami katata prayogi wontên ing panggenan kiwa, sarêng sampun rampung sadaya, sami kapasrahakên dhumatêng Radèn Mas Panji Ranakusuma, ingkang nyambut damêl sami bibaran.

Kacariyos, Radèn Ngabèi Rônggawarsita ingkang sawêg ngadhêp wontên ngarsa dalêm kangjêng gusti wiwit jam ½ 8 enjing ngantos jam ½ 3 siyang, dongèngipun ingkang kaunjukakên kangjêng gusti namung ingkang nawung raos, pralampita utawi wêwulang, paribasan kawêdalakên sadaya, kangjêng gusti saha ingkang sami ngadhêp, panggalihipun sami karênan, sanadyan anggènipun lêlênggahan sampun: 8 jam, sadaya botên wontên ingkang karaos sayah.

Taksih wontên sambêtipun jilid IVJilid IV belum ditemukan.

Ewah-ewahan lêpating panyêrat badhe kapacak wontên ing jilid IV.