Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Cariyos Purwalêlana, Côndranagara, 1877, #790 (Hlm. 001-139)

Katalog:Cariyos Purwalêlana, Côndranagara, 1877, #790
Sambung:
1.Cariyos Purwalêlana, Côndranagara, 1877, #790 (Hlm. 001-139). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #238.
2.Cariyos Purwalêlana, Côndranagara, 1877, #790 (Hlm. 140-259). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #812.

Cariyos Bab Lampah-lampahipun Radèn Mas Arya Purwalêlana

--- 0 ---

Sampun kalêrêsakên têtêmbungan sarta ukaranipun, saha cariyosipun kaewahan amêndhêt kawontênanipun sapunika dening Radèn Mas Adipati Arya Côndranagara.

Sêrat ingkang kaping sapisan

Kalimrahakên dening Kangjêng Gupêrmèn ing Nèdêrlan Indiya

Kaêcap ing pangêcapanipun G. C. T. van Dhorêp en Ko ing Samarang, ing taun 1877.

--- 3 ---

Bêbukaning kang anglêrêsakên sêrat punika

Sarèhning sêrat cariyos bab lêlampahipun Radèn Mas Arya Purwalêlana punika saèstu sae tuwin kathah amikantuki dhatêng ingkang angungêlakên, awit anyariyosakên kawontênaning satunggil-tunggilipun pagenan,panggenan (dan di tempat lain). ananging kuciwanipun, ingkang sapindhah têtêmbungan saha ukaranipun sawatawis kirang prayogi, ingkang kaping kalih, panyêratipun satêmbung-têmbungipun mawi dipun pêgatakên, inggih lêrês pangraosing kang nyêrat mindhak gampilipun tiyang ingkang sami maos sêrat wau, ananging salêrêsipun botên. Awit andadosakên kithaling têtiyang ingkang sami angungêlakên, amêrgi katêmbèn amaos sêrat ingkang makatên, awit botên wontên sêrat ingkang kasêrat kados punika, tuwin ingkang kaping tiga, sawatawis wontên pagenan ingkang kapratelakakên ing sêrat wau, kang ing mangke sampun sami wontên ewahipun, [ewahipu...]

--- 4 ---

[...n,] botên wontên ingkang pikajêng makatên. Dados kula piyambak amrêlokakên ngupados cêcriyosanipun ing jaman punika, ingkang pantês kawradinakên ing bôngsa kula Jawi, kantosngantos (dan di tempat lain). lami pangudi kula ing kaèngêtan ingkang yogi kula trapakên ing sêrat amrih rênaning akathah, ananging tansah botên kadugèn kemawon pikajêngan kula ingkang makatên wau, nanging saking sangêt adrênging manah, mila kula amrêlokakên ngupados cariyos, kula lajêng kêkesahan salêbêtipun ing tanah Jawi, anêningali pagenan kang kenging katingalan.

Dene kathahipun paresidhenan ingkang kula sêrêpi kados kang kapratelakakên punika: Bêtawi, Prayangan, Cirêbon, Têgal, Pakalongan, Sêmarang, Japara, Rêmbang, Surabaya, Pasuruan, Prabalingga, Bêsuki, Banyuwangi, Kadhiri, Madiyun, Surakarta, Nyayugyakarta, sarta Kêdhu. Paresidhenan Banyuwangi punika kala rumiyin ingkang anyêpêng panguwasa ing ngriku namung Asistèn Residhèn kemawon. Ananging awit taun 1867, sampun katanêman [katanê...]

--- 5 ---

[...man] Residhèn. Wondene ing Pacitan tuwin Bogor, ingkang wau kang nyêpêng panguwasa ugi Asistèn Residhèn nanging botên mawi kaêreh dening Residhèn. Samangke ing Pacitan kalêbêtakên ing Karesidhenan ing Madiyun, ing Bogor kabawah Residhèn ing Bêtawi.

AgènAnggèn. kula ningali Paresidhenan 18 wau, botên ajlimêdanjlimêt. sadaya, ananging cêkap kacriyosakên ing sêrat.

Panyêrat kula punika botên pindhah sumêdya anêdahakên ing kasagêdan kula, nanging niyahniyat. kula namung amradinakên cariyos ing jaman punika kemawon, amrih ing wingking kathaha kang sami rêmên nyêrat makatên, supados abingahakênambingahakên. para ahli sastra, awit wêwah wêwaosanipun. Ing wingking bôngsa Jawi sagêda têteladan bôngsa Eropah, kathaha wêwaosanipun, supados têlagingtêlasing. pandamêlan wontêna ingkang kaungêlakên tuwin kang kamanah, amrih sampun kantos anganggur botên wontên kang kaèngêtan, sintêna tiyangipun ingkang talatos amaos tuwin nyêrat têmbungipun [têmbungipu...]

--- 6 ---

[...n] piyambak têmbung Jawi, Sayêktos badhe amrayogakakên ing têmbungipun, amargi têtiyangipun ingkang rêmên nyêrat badhe kaungêlakên ing kathah, sayêktos panyêratipun badhe dipun atos-atos, amrih saenipun sampun kantos kawaonan ing sanès. Mila makatên, sapunika têmbung Jawi punika kathah ewahipun, awit kamomoran ing têmbung Mlajar tuwin sanèsipun.o.o.

Titi ing Salatiga wulan

Ing taun

--- 7 ---

Lampah ingkang sapisan

I. Mangkat saking Salatiga dumugi ing Sêmarang

Kalêrês ing môngsa katiga, ing satunggalipun dintên wanci jam 6 enjing wêlingan kula kapal rakitan pos kathahipun nênêm sampun dhatêng ing sangajênging griya kula, tumuntên kacenthelakên ing kareta kula, sarêng barang pangangge kula kang kawrat ing pêthi sampun kalêbêtakên ing kareta, lajêng kapal rakitan ingkang ngajêng kiwa katumpakan tiyang, punapadene kusir inggih lajêng minggah ing kareta wau, sarêng sampun mirantos sadaya kula enggal malêbêt ing kareta, sarêng kusir aningali yèn kula sampun minggah, piyambakipun kalihan kênek kêkalih tuwin tiyang ingkang numpaki kapal kang ngajêng wau sêsarêngan pagitikipunpanggitikipun. kapal, mangkat saking griya kula, plajêngipun kapal wau anglangkungi sangêt. Watawis satêngah jam dangonipun, lampahipun sampun dumugi ing pos praguman.

--- 8 ---

Ing margi tansah sangêt gumun kula aningali soroting surya kang sawêk mêdal amadhangi ing rêdi-rêdi tuwin ing RawipêningRawapêning. punapadene ing tangsi Banyubiru, sayêktos gêbyaring toya wau kados salaka tinaretes ing sêsotya, ablêrêngiamblêrêngi. ing paningal, dumêling pêthaking pagêr banonipun tangsi asêmu jênar, garombol kados sêkar tunjung seta, biru ijêm warnining kang rêdi prawata cêmêng yèn tiningalan jurang cêrung, darêdêg pêthak kados kapuk tinumpuk, kukus kang mêdal saking rêdi Marapi, mila sadaya wau andamêl sêngsêming kang nêmbe aningali.

Sasampunipun kapal rakitan kagêntosan ing pos, tumuntên lampahipun kareta kalajêngakên. Ing samargi-margi tansah kaeranankaeraman. ningali rêrêngganing ardi.

Wanci pukul satêngah sanga lampah kula wau dumugi ing Ungaran, sarehne saking pamirêng kula ing ngriku wontên lusmenipun, dados kusir kula purih lèrèh ing sangajênging lusmen, awit kula badhe aso sakêdhap. Kula lajêng malêbêt ing griya punika, ananging ing ngriku kula ningali kathah Walandi ingkang sami sakit, sarêng kula [ku...]

--- 9 ---

[...la] pitaken punapa lêrês punika griya lusmen, angsulanipunwangsulanipun (dan di tempat lain). ingkang kula pitakeni yèn ingkang wau inggih lêrês makatên, ananging samangkenipun sampun kasewa dening Guprêmen kadamêl griya pagenanipun tiyang sakit, dipun ênggèni para militer ingkang sakit tuwin catu mantuk saking pêrang ing Aceh.

Ing ngajêngipun griya sakit wau wontên bètèngipun alit, ananging botên dipun ênggèni prajurit ingkang saras, nanging ugi kapagenan dening militer kang sami sakit. Mila ing ngriku dipun pilih dening Guprêmen kadamêl pagenanipun tiyang sakit, awit hawanipun sakeca, botên panas sarta botên asrêp sangêt. Sawawratipun ing ngriku kathah griyanipun para tuwan-tuwan sami urut ing sapinggiring margi, mila katingal rame tuwin sae, langkung malih ramenipun dene ing pagenan punika wontên pêkênipun agêng saha wontên pacinanipun.

Sarehne ing ngriku kula botên sagêd lèrèh aso, mila kula lajêng adumugekakênandumugekakên. ing lampah kula, sarêng wanci pukul sadasa kula sampun dumugi ing

--- 10 ---

sanginggilipun dhusun Jomblang, watawis wontên 4 pal saking Sêmarang, ing ngriku langkung malih gumun kula, awit saking ênggèn kula aningali kitha loji ing Semarang, prasasat sagêd ngetang sutinggil-tunggilingsatinggil-tunggiling. griya loji wau, amargi saking cêthanipun. Salèring kitha katingal sagantên, punapadene baita agêng alit, kang wontên ing palabuhan, malah kalêrês wontên baita kapal latu ingkang pinuju lumampah dhatêng saking ing wetan, kukusipun andalêdêg cêmêng, botên antawis dangu lampahipun baita wau lajêng lèrèh ing palabuhan ngriku.

Botên dangu rodhanipun kreta kula lajêng kapêjahan, dipun ênggèni sêpatu tosan, mila rodhanipun kareta dipun pêjahi awit saking sangêt julêgipun margi, dados anguwatosi yèn ta rodhaning kareta punika botên dipun ênggèni sêpatu, lampahipun kapal kareta naming dipun tuntun kemawon kantos dumugi ing ngandhap. Sarêng dumugi ing ngandhap, sêpatu kareta kabikak, kapalipun lajêng dipun plajêngakên. Tumuntên kula dhatêng ing Sêmarang, ing ngriku kula aningali [a...]

--- 11 ---

[...ningali] kathah têtiyang sarta kareta ingkang lumampah, sangêt bingahing manah kula dene kula aningali kitha ramenipun makatên. Ananging sawatawis kula botên kuwawi panasipun. Ingkang makatên wau inggih awit kula taksih inggal dhatêng saking ing redi kang hawanipun asrêp.

II. Cariyosipun Kitha ing Sêmarang

Ing salêbêtipun kitha Sêmarang punika sadaya griyanipun para tuwan-tuwan Walandi, pipit botên wontên bênggangipun. Wontên ingkang sami dipun ênggèni piyambak, ananging ingkang kathah kaênggenan toko sarta kantor gêgramen agêng, ing têngahing kitha wontên grijanipun, wanguning griya griya wau bundêr tuwin inggil, payonipun sirap ambalêndhuk.

Watêsipun kitha ingkang kilèn, wontên lèpènipun. Cêlakipun lèpèn punika, ingkang sisih wetan wontên griya pakêmpalanipun para tuwan-tuwan, kawastanan griya bolah utawi kamar bolah, griya wau [wa...]

--- 12 ---

[...u] agêng sarta sae jobinipun marmêr, jrambah tuwin emperipun sami wiyar saha panjang, ingkang sisih kidul wontên kamaripun pagenan meja kang kaangge main bolah tiga, ingkang sisih lèr wontên kamar malih pagenanipun sêrat-sêrat kabar warni-warni, dados sintên tiyangipun ingkang badhe amaos sêrat kabar lajêng malêbêt ing ngriku kemawon. Milih sêrat pawartos punapa kemawon inggih wontên ing ngriku ananging botên kenging kabêkta mantuk, dados kêdah kawaos ing kamar punika kemawon.

Botên antawis têbih kaprênah kilènipun lèpèn wau wontên griya agêng pagenanipun para militer kang sami sakit, kawastanan griya sakit militer, griya wau botên ngamingakên agêng kemawon, nanging tiningalan saking jawi anglangkungi sae, ing ngajêngipun mawi wontên patamanan pagenanipun mlampah-mlampah tuwin lêlênggahan têtiyang ingkang sakiting sampun sawatawis sakeca. Kala ing kina griya punika pagenan pamulangan militer, sarêng pamulangipun ing ngriku kalerehakên, lajêng kadamêl griya sakit.

--- 13 ---

Ing sisih kidulipun griya sakit wau kalêtan radinan agêng, alun-alun Kabupatèn. Pojokipun alun-alun ingkang sisih lèr wetan, dados inggih lêt radinan kalihan griya sakit, wontên griya kantor Guprêmen anglangkungi agêng wangunipun pasagi, lotèngipun susun kalih, katingalan saking ngandhap, griya wau papak kemawon, botên katingal payonipun, mila makatên awit pinggiring banon griya ingkang nginggil, ngangge ukir-ukiran sarta sawatawis mathongol, angaling-alingi payonipun. Wondene ingkang manggèni nyambut damêl ing ngriku, kang ngandhap piyambak para tuwan-tuwan ingkang nyêpêng panguwasa lampahipun sêrat-sêrat pos, kawastanan kator pos. para tuwan-tuwan ingkang anguwasani bab lelang, kawastanan kantor lelang, saha pagenan arta Guprêmen.

Lotèng ingkang sapisan, pagenan kantoripun Tuwan Residhèn, Tuwan Sekretaris tuwin kancanipun para Carik Jawa tuwin Walandi sadaya, kantor pagenanipun Tuwan Asistèn Residhèn Pulisi tuwin para Jaksa saha Carik-carikipun sadaya, saha pagenan angrampungi [a...]

--- 14 ---

[...ngrampungi] rol Pulisi, kamar ingkang têngah ngajêng wiyar pagenanipun pangadilan landrat. Kantoripun Tuwan Asistèn Residhèn Kumtahbilitet, inggih punika Asistèn Residhèn ingkang anguwasani saha nyêpêng arta Guprêmen.

Lotèng kang nginggil kiyambak, pagenanipun Pangadilan Rad van Justisi, tuwin para Jaksa Walandi sakancanipun sadaya.

Sawingkingipun griya kantor wau, ugi ing alun-alun gudhang-gudhang Guprêmen, pagenanipun sarêm tuwin koki, sakilènipun alun-alun masjid agêng, ananging samangke sampun kabibar awit risak. Sapunika taksih dipun awiti ngadêgakên masjid inggal. Saking kintênipun ing kathah, pandamêlipun masjid wau botên sagêd tumuntên dados, awit enggal-enggal kêkirangan waragadipun.

Ingkang sisih kidul majêng ngalèr griya Kabupatèn, ananging ing ngajêng mawi kapagêran sarta ngangge regol, mila botên katingal saking alun-alun. Griya Kabupatèn wau, sawawratipun griyaning pangagênging tiyang Jawi [Ja...]

--- 15 ---

[...wi] ing ngriku, kalêbêt awon, saha kirang pangrimatipun, mila kantos makatên, inggih saking kiranging paringipun wragad Guprêmen kang kangge angrimati saha dandosi griya wau.

Radinan agêng ingkang saking kitha punika lajêng dumugi ing Bojong têbihipun saking kitha kalih têngah pal, pinggir kiwa têngêning radinan wontên têtanêmanipun kênari sampun agêng-agêng, angayomi ing margi saurutipun radinan, kiwa têngên griyanipun para tuwan-tuwan Walandi, sami agêng-agêng sarta sae-sae wêngkonipun wiyar-wiyar sami katanêman pêpêthetan. Ingkang sami manggèn gêgriya ing ngriku punika kaetang sadaya sami Walandi sugih-sugih.

Ing Bojong punika, pagenanipun griya Karesidhenan, ingkang sangêt agêngipun tuwin prayogi, jobinipun marmêr sadaya, ngajêngipun griya punika wontên kados alun-alun tuwin wontên radinan ingkang kêncêng dhatêng ing bètèng Poncol, kiwanipun Karesidhenan griyanipun Tuwan Jendral Kumêndhang bagiyan militer ingkang kaping kalih, griya wau ugi agêng sarta payonipun [pa...]

--- 16 ---

[...yonipun] papak, plêsteran kemawon, ing salêbêtipun griya ugi ngangge jobin marmêr. Botên ngamingakên griya kalih punika kemawon ingkang ngangge jobin marmêr, nanging kaetang griya ing kiwa têngênipun radinan ing Bojong wau sami ngangge jobin marmêr.

Bètèng ing Poncol punika agêngipun sêdhêng kemawon. Sajawining bètèng katanêman dêling ori, mubêng kados dening pagêr anglangkungi rapêtipun. Sajawining tanêman dêling wau kaubêngan toya kados dening rawirawa. saha lêbêt. Ngajêngipun bètèng radinan ingkang saking Bojong lajêng dumugi ing griya sakit militer kang kapratelakakên ing ngajêng, margi kang wontên ing ngajêngipun bètèng wau ingkang sasisih abanjêng griyanipun para upsir kang sami kabêbahan nyêpêng bètèng punika.

Sakidulipun kitha wontên griya tangsi prajurit agêng saha panjang, kaprênah kidulipun tangsi kang sisih wetan wontên margi ingkang mangidul punika pakojan sarta pacinan, salêbêting pacinan margènipun ciyut. Kareta kêkalih ingkang pêpêthukan mèh botên cêkap, sarta sangêt [sangê...]

--- 17 ---

[...t] rêsahipun, awit saking kathahing têtiyang sêsadeyan, griyanipun Cina pipit alit-alit.

Radinan ing sangajêngipun griya sakit wau, lajêng dhatêng ing Pabeyan pasisir ingkang lami, têbihipun saking kitha sapal, kiwa têngênipun margi wau panggenan malih, sarta griya-griyanipun têtiyang Arab sami ngêmpal wontên ing ngriku.

Sarehne ing ngriku punika kitha pagenanipun griya gramen tuwin pagenanipun ing pinggir pasisir mila kathah têtiyang sabrang punapadene tuwan-tuwan Walandi, mila tiyangipun Jawi, para priyantun tuwin tiyang alit, sami kathah anilar ing caranipun piyambak. Malah tiyang alit kathah kirang sumêrêpipun ing têmbung krama kang pantês. Wanguning pagenanipun kula botên sagêd amastani, yèn ningali agènipun sinjangan kados tiyang Jawi, rasukanipun kabayak utawi jubah cita ikêt-ikêtaning wangunipun kados êncik, botên dhuwungan utawi botên ngangge dêdamêl sanèsipun. Tata kramanipun dhatêng ing para agêng Jawi, kaetang sampun botên wontên, ingkang dipun telad tata kramanipun tiyang [ti...]

--- 18 ---

[...yang] sabrang utawi tiyang Mlajar tuwin Arab. Para èstri kathah têteladan tiyang èstri Arab, mawi paras tuwin mripatipun mawi dipun cêlak, inggih punika tlapukaning mripat dipun cêmêng, cariyosipun tiyang Arab, cêlak wau adamêl nyaekakên mripat, madhangakên ing paningal, ananging panganggnipun cêlak tiyang Sêmarang wau botên amurih saening mripat, nanging kadamêl wiraga tuwin sami angangge gêlang tuwin kalung mrêjan.

Sadangonipun pangagening para priyantun Jawi sampun katêtêpan dening Guprêmen punika, para priyantun Sêmawis manawi mêngangge prajuritan sangêt anèhipun. Ingkang mawi naming ngangge clana lakên saha sêpatu kemawon, clananipun katrapan renda tumuntên ngangge jas baludiran, ananging jas wau ingkang nginggil wangun rasukan Jawi kabênikakên, botên mawi ngangge sinjang, nuntên ngangge ikêt sarta dhuwung, mila ikêtipun saking katêbihan botên katingal. Dados yèn dipun tingali saèmpêr kados Walandi, ananging bilih katingalan ingkang cêlak kados Walandi katanggêlan, awit ikêt-ikêtan sarta tudhungan, ngangge dhuwung crigan.

--- 19 ---

Ing wanci enjing jam 5 kula tangi tilêm lajêng nyewa kreta kapalipun sarakit, kula tumpaki dhatêng ing bandaran, utawi ing Ngêbu inggal ingkang margènipun mêdal ing radinan kêbon laut.

Sadhatêng kula ing Bandaran inggal, kula ningali dhudhukanipun lèpèn, ananging botên kamargèn toya lèpèn ingkang saking ardi, nanging kalêbêtan toya saking laut kemawon, wiyaripun dhudhukan lèpèn wau watawis 100 kaki, pinggiripun kiwa têngên kapagêran sela saha mawi pinlêstèr, dene dhudhukan tuwin pagêripun wau kantos malêbêt ing pinggir sagantên, watawis ¼ pal têbihipun, wondene pamrihipun, kadamêl margi lampahipun baita kang awratngewrat. barang utawi tiyang saking dharat ugi ing baita kapal, tuwin saking baita dhumatêng ing dharat, sampun kantos kandhas, mila kadamêlakên makatên, awit ing ngajênging lèpèn pagriyan ingkang lami sapunika sampun cèthèk, amargi kalinêdan, mila baita ingkang wontên wawratanipun rada kathah bilih lumampah ing ngriku lajêng kandhas.

III. Mangkat saking Sêmarang Dhatêng ing Bêtawi tuwin Cariyosipun Nagari ing Bêtawi

Sasampuning kula nêningali ing ngriku, kula lajêng numpak baita latu alit sadhiyan tambanganing para tiyang ingkang badhe numpak baita kapal agêng, sarêng para tuwan saha sanèsipun ingkang badhe sami nunut kesah dhatêng ing baita kapal latu agêng ing palabuhan sampun sami nglêmpak. Botên antawis dangu baita wau lajêng mangkat, sadhatêngipun ing palabuhan, baita wau lajêng anyêlak kalihan baita kapal latu agêng, sarêng sampun mepet, tumuntên kasukanan uwot kajêng blabag wiyar, tumuntên têtiyang ingkang badhe sami nunut wau sami nguwot minggah ing baita kapal latu agêng, sasampuning makatên baita alit lajêng nêbih, botên antawis dangu, watawis pukul 9 sarêng jangkaripun baita sampun dipun inggahakên, botên antawis dangu kula kagèt amirêngakên grobyag gêritipun bêkakas asêp, gêmrêbyêking sêkrup kang nglampahakên baita, watawis [wata...]

--- 21 ---

[...wis] kalih jam danguning lampahipun baita latu wau, baita kapal kang sami wontên ing palabuhan Sêmarang sampun botên katingal. Ing dintên punika kalêrês botên wontên angin tuwin ombak, mila lampahipun baita sangêt lajonipun, sarêng siyang ombakipun sawatawis agêng, sarehne taksih katêmbèn ênggèn kula numpak baita agêng ing laut, mila kula sawatawis mêndêm, ananging botên dangu kula lajêng sakeca malih, dhèrèk lêlênggahan tuwin nêdha kalihan para tuwan-tuwan kang sami wontên ing baita punika.

Sadanguning kula wontên ing baita wau, botên wontên têtingalan sanèsipun saking toya, awit kang katingal naming toya tuwin pinggiring pasisir naming lamat-lamat mawon. Dene bab têtêdhan tuwin minumanipun ing baita punika sayêktos botên wontên kuciwanipun, enjing sontên kados tiyang pista, mila panêdhanipun têtiyang ingkang botên mêndêm, anglangkungi kathah, kathahing panêdhanipun wau botên awit saking ecaning têtêdhan kemawon, nanging kawêwahan malih mèh sadaya tiyang manawi numpak baita mindhak kathah [ka...]

--- 22 ---

[...thah] luwenipun. Enjingipun malih satangi kula saking tilêm, kula mêdal saking kamar lajêng minggah ing dhek utawi nginggilipun baita, botên antawis dangu kula pitaken dhatêng kapitanipun baita wau, lampahipun punika sampun dumugi ing pundi, angsulanipun, dumugi ing Tanjung Krawang, botên antawis dangu palabuhan Bêtawi katingal. Saking kathahipun baita kapal ingkang sami labuh ing ngriku, mila tiyangipun baita-baita wau katingalan saking katêbihan, kados dening wana ingkang kêkayonipun tanpa godhong, watawis jam 11 siyang lampahipun baita sampun dumugi ing palabuhan Bêtawi, botên dangu jangkaripun dipun êdhunakên, sarêng baita sampun lèrèh, tumuntên wontên baita latu alit ingkang dhatêng anyêlaki ing baita latu agêng, pêrlonipun amêthuk ing têtiyang ingkang sumêja mudhun dhatêng ing Bêtawi, para tuwan-tuwan tuwin kula lajêng sami mudhun numpak baita latu alit wau, botên dangu baita dipun lampahakên dumugi ing Bêtawi. Dhatêngipun para tuwan-tuwan tuwin kula ing ngriku kalêrês wontên kareta latu kang badhe [...]tidak terbaca satu suku kata. mangkat,

--- 23 ---

mila sadaya sami rêbat inggal numpak kareta latu wau dhatêng ing kitha inggal kang kanaman weltêphredhên. Sarêng sampun sami numpak, kreta ingkang ngajêng piyambak kang wontên bêkakasipun asêp kawastanan lokomotif katêmbungan Kawi utawi Jawi lokametar, kang karentengan kareta kathah sami dipun tumpaki têtiyang ingkang sami dhèrèk tuwin kawêratan barang-barang, kaungêlakên sulingipun anglangkungi sangêt, angagètakên ing kathah, punika tandhanipun yèn kareta wau badhe kalampahakên. Botên antawis dangu lajêng awit lumampah, wêdaling kukus mawi mungêl kados tiyang angunjal ambêkan amênggos-mênggos, ananging kula botên dhèrèk numpak kareta latu wau, awit kula badhe sumêrêp kitha kina ing Bêtawi, mila sarêng lampahipun sampun têbih, kula lajêng nyewa kareta kapalipun sarakit, kula tumpaki dhatêng ing weltêphredhên.

Sarêng kula sampun numpak kreta sewan saking ing ngêbum, botên antawis têbih nuntên malêbêt ing kori gapuranipun kitha kina yasanipun Kumpêni, gapura wau

--- 24 ---

taksih sae, kiwa têngênipun kori wontên rêca landi sami kapulas cêmêng, botên têbih saking gapura wau wontên gudhang-gudhangipun parentah agêng utawi Gupêrnêmen, gudhang-gudhang wau ugi yasanipun kumpêni, ing sangajêngipun gudhang, kathah mriyêm agêng-agêng kêkantunanipun kala jaman kina, malah kang satunggil kantos sapriki taksih dipun mêmule dening tiyang Bêtawi, awit punika taksih pusakanipun tanah Jawi, anama Kyai Satama, ingkang satunggil wontên ing Sitihinggil sawingkingipun bangsal Witana nagari ing Surakarta, anama Nyai Satomi. Sakidulipun punika pinggiripun kitha ingkang sisih lèr, ing ngriku awitipun griya-griya toko tuwin kantoripun para tuwan-tuwan dagang, tumuntên kantor agêng Residhenan, têngênipun wontên griya inggal panjang mujur mangalèr, inggih punika griya pangadilan van justisi, kantor kêkalih wau angajêngakên palataran wiyar, sakidulipun punika, kathah griya-griya malih tur agêng-agêng saha kathah kang sami wontên lotèngipun, sadaya wau inggih taksih toko-toko tuwin kantor-kantor pagenanipun gêgramen. [gêgrame...]

--- 25 ---

[...n.] Kawontênaning griya samantên wau sami pipit kemawon botên wontên bênggangipun, dene wangunipun griya sadaya taksih kados griya ing nagari Eropah, ananging para tuwan-tuwan sapunika botên wontên ingkang manggèn gêgriya ing ngriku, awit kathah sêsakit, mila namung kaêngge nyambut damêl mawon, wondene kang sami dipun griyani, awit ing sajawining kitha kang sisih kidul, kantos dumugi watawis 10 pal têbihipun saking kitha wau. Dene kang taksih sami gêgriya ing kitha lami wau namung para Walandi juru sêrat toko tuwin dagang, turunipun tiyang Portêgis, Cina, Arab, Boja sarta para bôngsa sabrang sanèsipun, ugi sami sêsadeyan tuwin sami gadhah toko alit-alit, sarèhning nagari agêng, mila têtiyang sêsadeyan sawarnenipun sadaya sami wontên.

Sakilènipun ing bum kalêtan lèpèn, wontên pagenan ingkang kawastanan luwar Batang, punika wontên pasareanipun wali satunggil, anama tuwan Sayid Edrus, nalika taksih sugêngipun, kacriyos [kacriyo...]

--- 26 ---

[...s] agêng kramatipun, mila kantos samangke pasarean punika taksih dipun mêmule dening tiyang ing Bêtawi, ing sadintên-dintênipun botên wontên lèrèhipun tiyang kang sami jiyarah ing ngriku, awit andhatêngi punagenipun utawi nuwun barkah amrih wilujênging piyambak sarta anak rayatipun tuwin anênuwun ingkang dados pangesthining manahipun.

Têtiyang ingkang jiyarah ing pasarean wau, kajawenipunkejawinipun. tahlil saha sidhêkah ingkang warni yatra dhatêng ing têtiyang kang sami jagi ing ngriku, wontên ugi ingkang ngaturi menda, mila pasarean wau kathah mendanipun, sami kaumbar kemawon. Mila asring-asring menda wau malêbêt ing wêngkonwêwêngkon (dan di tempat lain). pakawisaning têtiyang ing Bêtawi ananging manawi kalampahan makatên, menda wau lajêng kawangsulakên malih dening kang gadhah pemahan utawi ingkang manggih, botên wontên tiyang ingkang purun mêndhêt. AwikAwit. kacriyos bilih dipun pêndhêta kapragad utawi kasade, tiyangipun ingkang mêndhêt wau badhe botên manggih wilujêng, wondene pamragadipun naming yèn badhe kangge sidhêkah angaosakên [angaosa...]

--- 27 ---

[...kên] tuwin dhatêng ing têtiyang mêskin, punapadene manawi pinuju dintên agêng.

Sajawining kitha lami wau, griyaning para tuwan-tuwan sayêktos angrêmênakên, awit sami sae-sae sarta kathah kang agêng-agêng, wêngkonipun jêmbar-jêmbar, langkung têbih saking kitha langkung kathah griya kang sae, watawis kalih pal têbihipun saking kitha lami, punika awitipun kitha inggal, inggih punika ingkang kagriyanan para tuwan-tuwan sapunika, ingkang kalêbêt Walandi agêng tuwin sugih, ing pojokanipun radinan ingkang nama reisweik, ing ngriku radinan punika dados pratigan, ingkang satunggal mangetan, langkung ing sangajênging dalêmipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, satunggilipun dumugi ing Tanah Abang sarta Jati.

Ing pojokan punika lêrês, wontên griya bolah utawi kamar bolah anglangkungi agêngipun, anama dhê Harmoni.

Ing sawetanipun kamar bolah wau, botên têbih antawisipun saking ngriku lajêng dalêmipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wau, ugi kalêbêt griya agêng, ananging [ana...]

--- 28 ---

[...nging] sawawratipun kirang pantêsipun yèn kadalêman kang ngasta panguwasa ing tanah Indiya Nèdêrlan. Awit pagenanipun kacêlakên kalihan radinan. Ingkang kaping kalih emperipun kaciyutên, mila saking paningal kula kirang sêmuwanipun. Amargi nalika kula taksih inggal sumêrêp, yèn botêna kacriyosan, sayêktos kula botên wuninga, dene yèn kayêktosan, inggih sumêrêp ugi bilih punika griya kang dipun ênggèni bôngsa agêng, awit mênawi Kangjêng Tuwan Bêsar wontên ing ngriku, mawi kapasangan gêndera Walandi ing sanginggiling payon kang ngajêng, sarta mawi wontên gambar kados ing capipun Guprênêmèn. Punapadene mawi wontên soldhadhonipun kêkalih ingkang jagi sarta sami mangangge agêng, ananging yèn Kangjêng Tuwan Bêsar botên wontên ing ngriku lajêng botên katawis pindhah yèn punika dalêmipun Kangjêng Tuwan Bêsar.

Wondening Kangjêng Tuwan Bêsar ingkang dipun dalêmi ing Bogor, kanaman dening Walandi Beitênsorêg. Rêtosipun, sajawining rêrêksan, sajawining têtanggêlan. Rawuhipun ing Bêtawi, ingkang têmtu naming

--- 29 ---

sawulan sapisan, amanggihi dhatêng ing sadaya tiyang kang sami sumêja badhe sowan. Kajawining rawuhipun ingkang têmtu wau bilih wontên pêrlonipun utawi wontên karsanipun piyambak, inggih ugi rawuh ing Bêtawi, mila dados kados dalêm pasanggrahan kemawon.

Têngênipun dalêm wau lusmen agêng, kiwanipun dalêming Tuwan Algêmenê Sekretaris, inggih punika sekretarisipun Kangjêng Tuwan Gupêrnur Jendral. Pêngkêranipun kantor agêng, anama Algêmenê Sekretari ingkang dipun wadanani Tuwan Algêmenê Sekretaris wau.

Tuwan Algêmenê Sekretaris punika, ing pundi pagenanipun Kangjêng Tuwan Bêsar inggih dhèrèk ngiring, mila ing Bogor ugi kagungan dalêm piyambak.

Ing kantor Sekretaris wau ingkang sami dhatêng nyambut damêl ing ngriku sadintên-dintênipun, Sekretaris Guprênêmen kalih, repêrendhêris sosoranipun Sekretaris Guprênêmen sakawan, para kumis tuwin Carik Walandi langkung saking 100 ingkang sami nyambut damêl ing

--- 30 ---

ngriku wau awitipun dhatêng pukul 8 enjing bibaripun jam 4 siyang.

Ing kantor punika sêrat-sêratipun Gupêrnêmen awit kala kina jamanipun kumpêni dumuginipun sapunika sami kaklêmpakakên dipun jilidi karimatan ing ngriku sadaya.

Griya kantor Sekretaris punika wangunipun gêdhong panjang, yèn tinimbang kalihan griya ing Bêtawi kang sae-sae punika, dados katingal awon.

Ing wingkingipun punika wontên siti jêmbar utawi lapang mèh pasagi wangunipun kados alun-alun, ananging botên wontên wringinipun sêngkêran, naming urut ing pinggir wontên tanêmanipun asêm ingkang sawatawis sampun sami agêng, namanipun cara Walandi Konêngsêplein, têgêsipun alun-aluning raja, tiyang Bêtawi mastani Gambir, wondene pinggiripun kaubêngan radinan. Gathukipun ubênging margi wau tigang pal. Urutipun radinan mubêng punika sadaya griya agêng-agêng sarta sae-sae, wêngkonipun wiyar-wiyar karêngga ing pêpêthetan sarta pot-pot ingkang katanêman sêsêkaran. [sê...]

--- 31 ---

[...sêkaran.] Ingkang sami manggèn ing ngriku kaetang kathah para agêng tuwin tuwan-tuwan ingkang sugih-sugih.

Ingkang sisih wetan grija agêng, kanaman wilêmsêkerêk. Ing wingkingipun grija wau dalêmipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Litnan Jendral, Kumêndhan utawi Senopatenipun bala prajurit ing dharat. Ing wetanipun punika sadaya griyaning para upsir, mangetanipun malih wontên siti jêmbar kados dening alun-alun kawastanan watêrloplein, pinggiripun ingkang kilèn, êlèr sarta kidul, sadaya griyaning para upsir, ingkang wetan wontên griya agêng susun kalih, mawi kaapit griya kêkalih sami sae-sae ngajêngakên siti jêmbar ingkang kados alun-alun wau, panjangipun puput awit saking lèr dumugi ing kidul. Ananging pangapitipun wau botên agêng kados ingkang têngah, griya wau kacriyos yasanipun Kangjêng Tuwan Bêsar Marsêkhalêk Dhandhêlês, mila griya punika kadamêl sae tuwin agêng awit ingkang wau badhe dipun dalêmi piyambak, ananging sapunika kangge kantoripun para tuwan dhirektur, dipun namakakên paleis, weltêphredhên. [we...]

--- 32 ---

[...ltêphredhên.]

Sangajêngipun griya wau wontên rêcanipun prunggu agêng gambaripun Kangjêng Tuwan Gupêrnur Jendral Yan Pitrêsunkun, tiyang Jawi kala kina mastani Kapitan Murjangkung, kang kala taun Walandi 1619 bètèngipun ing Jakarta badhe kabêdhah dening Kangjêng Pangeran Mandurarêja, nanging botên kenging, lajêng ing ngriku kawastanan Bêtawi, nalika ngêtrapakên talêsanipun banon pagenanipun rêca wau ing wulan mei taun Walandi 1869, inggih punika lêrês 250 taun lamènipun, kaetang saking unggulipun pêrang Yan Pitrêsunkun saha agèning namakakên kitha Bêtawi wau, nalika ngêtrapakên talêsanipun, ing Bêtawi mawi damêl karameyan agêng, kajênêngan dening Kangjêng Tuwan Bêsar Mistêr Pitêr Meyêr, Kanjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara tuwin Kangjêng Pangeran Ngabehi ing Surakarta.

Têngahipun siti ingkang kados alun-alun wau wontên tugu pilar banon, ing nginggilipun tugu kasukanan rêca awarni singa barong, Walandi mastani Leyo, [Le...]

--- 33 ---

[...yo,] pagenan punika kanamakakên Watêrlo Plein. Nama Watêrlo punika namaning pagenan ing nagari Belgi sakidulipun nagari ing Walandi, wondening Plein punika têgêsipun palataran. Mila kawastanan makatên, awit nalika taun Walandi 1814, Kangjêng Susuhunan nagari ing Prasman ingkang jêjuluk NapoleyongNapoleon. Bonapartê ingkang sapisan, badhe karsa mangsuli abêdhah nagari ing Walandi malih, kapêthukakên ing ngayuda dening bala Inggris, Walandi tuwin Dheitaslan, ing ngriku asor pêrangipun Kangjêng Susuhunan ing Prasman wau, saking bungahipun para tuwan-tuwan Walandi ingkang sami wontên ing tanah Jawi nalika tampi pawartos makatên, Kangjêng Tuwan Bêsar Gupêrnur Jendral, lajêng angarsakakên damêl tugu ingkang kapratelakakên ing ngajêng saha kaparingan nama kados ingkang kasêbut ing nginggil wau.

Ingkang pinggir kilèn wontên tugunipun malih kang kadamêl prunggu, inggilipun watawis wontên 15 kaki, mawi kaukir gambaripun pêrang ing Bali, tugu wau kadamêl pangèngêt-èngêt dhatêng Tuwan Jendral Mighilês [Mighilê...]

--- 34 ---

[...s] sarta para upsir tuwin soldhadhu kang sami kasaput ing paprangan ing Bali kala taun Walandi 1848 sarta 1849. Ing sakidul kilènipun alun-alun wau griya sakit militer, ing ngriku wontên ugi griya pamulanganipun tiyang Jawi ingkang sumêja dados dhoktêr tuwin tiyang èstri ingkang pikajêng dados dhukunipun tiyang gadhah anak.

Sasampuning kula nêningali kang kapratelakakên ing nginggil, kula lajêng malêbêt ing griya paleis agêng wau, ing ngriku sayêktos sae pandamêlipun griya, botên ngamingakên agêng jêmbar kemawon, nanging bakuh, dene pêperanganing salêbêtipun ing griya, anelad wangun griyanipun para agêng ing tanah Eropah, jrambahipun kang têngahing lotèng kang sapisan anglangkungi wiyaripun. Inggih punika pagenanipun klêmpakan para edêlir utawi rat van Idhi angrêmbag prakawis. Pagêripun banon ing jrambah wau ingkang têngah kaêtrapan gambaripun Kangjêng Sri Maharaja ing nagari Walandi, dene agêngipun inggih sami kalihan kawujudanipun. Kaapit-apit tuwin salajêngipun ubênging [u...]

--- 35 ---

[...bênging] jrambah punika, tinrapan gambaripun para Kangjêng Tuwan Bêsar ingkang amiwiti jumênêng dumugi pungkasanipun pindhah. Wondening kamar-kamar sanèsipun, sadaya sami kangge kantoripun para dhirektur sakawan sarta kantor agêng pangetangan yatra Gupêrmèn, kawastanan Rekên Kamêr. Dening griya pangapitipun wau, ingkang têngên kantor pangadilan luhur katêmbungakên Walandi Oêrehsêhof, inggih punika ingkang anitipariksa sêrat-sêrat parampunganipun pangadilan ing tanah Indiya Nèdêrlan sadaya. Pangapiting palis kang sisih kidul utawi kiwa, punika kamar bolah militer, kanamakakên Kongkordheyah.

Sawingkingipun griya paleis wau, wontên radinan ingkang dhatêng ing khitha lami kang anama Jakarta, ing kiwa-têngênipun lurung wau wontên têtanêmanipun kênari sampun agêng angayomi ing margi, griya-griya ing kitha punika kathah katingal sampun awon-awon awit sampun sami kina amargi pandamêlipun kala kumpêni, ingkang sami angênggèni ing ngriku sapunika, kathah turunipun tiyang Portêgis, Walandi tuwin Cina.

--- 36 ---

Ing kitha kina Jakarta ingkang samangke kanamakakên Bêtawi punika wontên sirah utawi cumplung tiyang kasundukakên ing dêdamêl waos, katumpangakên ing sanginggiling pagêr banon pinggir margi, ananging cumplung wau kaisenan gamping sarta dipun labur pêthak, mila botên katingal pathakipun, ing sangandhapipun pathak wau wontên sêratanipun Jawi kina, sanès sangêt rupining aksaranipun yèn tinimbang kalihan aksara sêrataning tiyang sapunika, mila tiyang samangke mèh botên sagêd angungêlakên, sagêdipun angungêlakên manawi sangêt pangijanipun. Mila dangu anggèn kula angija ing sêratan wau, dangu-dangu inggih ugi pinanggih ing ungêlipun, dene saking pamanggih kula ungêlipun kados ing ngandhap punika:

Pèngêt, sakipeli jêjênês marisi jail i nagara, ka uwis kokum, Piter erberfel, pacuhwan ana kang ngadhêgakên amah gêdhong, atawa kayu papan, atanapi ananandur, ing sajroni êgonênggon. iki, mêngko têka isahanani dina. Titi. Batawiyah tagal pitanggal ping. patbêlas,

--- 37 ---

wulan April, i taun sewu pitungatus rolikur. Sarêng kula ningali punika, kula lajêng ataken gancaring cariyosipun, dene ing ngriku wontên cumplung ingkang makatên wau, ingkang kula pitakeni tumuntên apratela yèn kala Panjênênganipun Kangjêng Tuwan Bêsar Endhrêk Swar dhê Krun nalika taun Walandi 1722 wontên Walandi pranakan, nama Pitêr Erbervel, anglêmpakakên kônca sumêdya angraman. Ananging dèrèng kantos kalampahan, lajêng kawuningan dening parentah, mila lajêng kacêpêng kabêkta ing pangadilan, saking karampunganipun, Walandi wau katigas jangganipun, sirahipun kasundukan ing waos, tumuntên katrapakên ing pagêr banoning griyanipun. Karampungan ingkang makatên wau inggih lajêng sanalika katindakakên. Sarta cumplung wau taksih kalulusakên kantos sapunika kados kang kapratelakakên ing nginggil.

Sasampuning kula ningali punika wau, kula lajêng dhatêng kantor Karesidhenan, dhatêng kula ing ngriku kula kadêdahakên dening mitra kula pirantos paukuman [pauku...]

--- 38 ---

[...man] kisas, kala ing jaman kina ingkang karimatan ing satunggiling kamar kantor wau. Dene warnenipun kados ta 1. Tong agêng, 2. Tosan panjang lancip, 3. Kajêng balok prapatan, tuwin 4. Klewang agêng. Ingkang rupi tong punika katrapan paku-paku anracap, lancipipun sami wontên ing lêbêt. Bilih wontên tiyang ingkang karampungan ukum kisas, mangka priyantun kang nyêpêng pangadilan anêmtokakên pêjahipun tiyang wau amêsthi dipun êtong, tiyang punika inggih lajêng kalêbêtakên ing tong ingkang lajêng katutupan tuwin tumuntên dipun galundhungakên kantos dumugi sapêjahipun tiyang kang kaukum punika, 2 warni tosan lancip, agêngipun salandheyan, panjangipun watawis 6 kaki, kang têngah mawi gêgêlan, kanamakakên sêpis, panganggnipun kacublêsakên ing juburipun tiyang kang kaukum katêmbusakên ing ngêmbun-êmbunan, sampunipun makatên tiyang wau lajêng dipun êpe kantos dumugi ing pêjahipun. 3. Warni kajêng balok prapatan kandêlipun watawis 6 dim, inggilipun 10 kaki, panganggnipun, tiyang

--- 39 ---

ingkang kaukum dipun pênthang asta tuwin sukunipun kapaku pikantuk ing kajêng wau, tumuntên kaêpe kantos dumugi sapêjahipun. 4. Warni klewang agêng pamagasan jangga.

Ing liya dintên kula dipun ajak dening mitra kula numpak kreta kang kawastanan tramwe, kreta wau anglangkungi agêngipun, rodhanipun tosan alit-alit sami wontên ing sangandhipun kreta, ananging rodha wau tumumpang ing klacen tosan, pratikêl tuwin wangunipun sadaya kados kreta latu, ananging katarik dening kapal têtiga jejer pangrakitipun. Lampahipun kreta wau mêdal ing sawatawis pinggiring radinan agêng awit saking ingêbum Bêtawi dumugi ing mèstêr kornelis. Sabên 10 mênut wontên kreta trem punika ingkang mangkat saking pagenan kêmpalanipun kreta wau, sintêna tiyangipun kemawon kenging dhèrèk numpak, dene tambanganipun tiyang satunggil saking ing ngêbum dumugi ing wèltêvrèdhên 10 sen, saking wèltêvrèdhên dumugi ing mestêr kornêlis ugi 10 sen. Ananging manawi wontên tiyang ingkang badhe nunut,

--- 40 ---

kreta tram wau botên mawi kaandhêgakên, nanging lajêng mancolot saking ing wingking kemawon. Kajawenipun manawi wontên nyonyah utawi tiyang èstri ingkang badhe dhèrèk, punika dipun lèrèhakên sakêdhap. Kajawi saking punika lampahipun botên lèrèh-lèrèh, nanging namung bilih dhatêng ing pagenan palerehan gêntos kapal, punika sayêktos inggih lèrèh, sarèhning kreta punika lumampah dhatêng ing klacèn, mila dados botên sagêd menggak-menggok, namung dhèrèk saurutipun klacèn wau kemawon. Palênggahaning tiyang ingkang dhèrèk ing kreta namung dhingklik kajêng panjang kemawon.

Kajawining mirah tuwin gampilipun tiyang kêkesahan numpak kreta tramwe wau, pintên-pintên tiyang nyewakakên bendhi kang lênggahanipun kêkalih ungkur-ungkuran, kawastanan dhosadho ingkang sae-sae warni sarta kapalipun. Punapadene glindhing inggih kathah ingkang prayogi kaetang sadintênipun rintên dalu ewon têtumpakan ingkang makatên punika, dene sewanipun salampahan, namung satangsul. Lêmêsipun [Lêmêsi...]

--- 41 ---

[...pun] tiyang numpaki punika dene kenging kabêkta ing pundi sapikajêngipun ingkang nyewa, mila kathah tuwan-tuwan Walandi ingkang nyewa têtumpakan wau.

Ing wanci enjing kula numpak kreta tremwe kesah ing mèstêr kornelis, têbihipun saking kitha wèltêvrèdhên tigang pal, ing ngriku wontên tangsènipun prajurit sarta griyanipun para upsir, kathahipun soldhadhu kang wontên ing tangsi punika, kacriyos tigang atus, mila ing cêlakipun tangsi wau kathah griya-griya Walandi toko sarta wontên pacinanipun. Ing ngriku punika wontên Asistèn Residhèn piyambak, ingkang nyêpêng panguwasa sarta nyêpêng kapolisèn. Mila ing ngriku punika katingal kados kitha alit piyambak.

Botên antawis têbih saking tangsi wau, wontên pandheyanipun Gupêrmèn, pamulangan damêl sanjata, pagenanipun dandosi sarta ngewahi sanjatanipun para prajurit, ingkang madanani ing pabrik wau Litnan anama Tuwan Kun (KUHN) sadaya sanjata lami ingkang ênggènipun ngisèni saking ngajêng, kaewahan kadamêl sanjata ingkang pangisènipun saking wingking, sanjata ingkang

--- 42 ---

kaewahan ing ngriku punika, kanamakakên sanjata Kun. Awit ingkang ngewah nama Tuwan Kun wau. Nalikanipun kula dhatêng ing ngriku, kula dipun dêdahakên sadaya pirantosipun ngewah sarta dandosi sanjata, saèstu kula botên sagêd anyriyosakên pirantosipun sadaya, awit saking kathah sarta sae-sae, tumuntên kula dipun dêdahakên sanjata ingkang sampun dipun ewahi, dados sanjata isenan saking wingking, ing ngriku dipun cobi kasanjatakakên lesan, têbihipun satus pas, ingkang kadamêl lesan warni dlancang kagambar kados dening soldhadhu, anggèning ngungêlakên nalika kula tingali punika ingkang samênut mungêl kaping 15, dene ingkang kenging dhatêng ing gambar soldhadhu wau 12, dados namung tiga ingkang lêpat. Mila agumunakênanggumunakên (dan di tempat lain). dene sanjata namung lup satunggal, agèning ngisèni sarta ngungêlakên ingkang samênut sagêd ngungêlakên kaping 15, inggih punika prayogènipun sanjata isèn-isènan saking wingking wau sagêd rikat pangisènipun patruman tuwin sagêd enggal angungêlakên.

--- 43 ---

Sasampuning kula ningali ing ngriku, kula wangsul malih, ananging ing margi kula mampir ningali ing pamulangan inggal, anama Gimnasiyum Wilêm kaping 3, pamulangan wau kagunganipun Gupêrmèn, lare-lare ingkang kawulang ing ngriku manawi tlatos sarta srêgêp tampi piwulang, ing salêbêtipun 6 taun bilih mêdal saking pamulangan punika, môngka nalika kadadar ing kasagêdanipun, anêdahakên sampun anyêkapi kasagêdanipun utawi amradini ing sadayaning wêwulang, lajêng kenging dados priyantun Walandi dhatêng ing kantor-kantor Gupêrmèn utawi dados kontrolir, ananging ingkang kathah sami malêbêt dados kontrolir.

Nalika kula ningali wontên ing pamulangan punika, lare ingkang sami kawulang ing ngriku kathahipun kirang langkung wontên wolung dasa, wondening ingkang dipun pagèni lare-lare wau mlêmpak dados satunggil wontên ing griya lotèng wiyar, kasukanan patilêman sadaya, lare satunggil inggih patilêman satunggil, sadaya wau katata sae. Makatên ugi têdhanipun lare-lare wau anglangkungi prayogènipun, manawi [ma...]

--- 44 ---

[...nawi] enjing pikantuk sarapan wedang tuwin roti, bilih siyang nêdha sêkul tur kathah ulam-ulamanipun, yèn sontên pikantuk têdha cara Walandi awarni kênthang tuwin ulam daging sapanunggilanipun. Dene bayaranipun lare satunggil ingkang sawulan 40 rupiyah, ananging bayaran ingkang samantên wau sayêktosipun botên cêkap, awit saking saening pangrimat sarta wêwulang, mila Gupêrmèn amêwahi sakirangipun wragad, kaetang wêwahipun lare satunggil kirang langkung 1000 rupiyah ing dalêm sataun.

Sarêng sampun salêsih anggèn kula nêningali, kula wangsul dhatêng pondhok kula malih ing Bêtawi.

Sayêktos anyênêngakên ing manah tiyang mônca ingkang ningali ing Bêtawi punika, awit saking saenipun ing pranatan, kathahing griya kang sae-sae, tuwin jêmbaring kitha, kathahipun têtiyang, prayogènipun sadayaning radinan. Kaetang mèh sadaya griya ing Bêtawi sami ngangge diyan kang kawastanan gas. Inggih punika hawanipun asrêp arêng sela ingkang dipun obong, manawi hawa wau dipun sulêt lajêng murub. Dene [De...]

--- 45 ---

[...ne] pagenanipun angobong arêng kang kangge diyan wau kawastanan pabrik gas, ing ngriku wontên pirantosipun pandamêling gas wau. Rupi tuwin pirantosipun pabrik gas punika, botên kula criyosakên ing sêrat punika, awit yèn makatên badhe kapanjangên cariyos kula, tur tiyang ingkang dèrèng nate sumêrêp piyambak, saèstu botên sagêd gênah utawi têrang ing pangêrtosipun. Cêkakanipun, kula namung sagêd anyariyosakên, yèn awit saking pabrik gas wau dumugi ing Mistêr Kornelis tuwin ing sakitha Bêtawi sadaya saurutipun radinan kasukanan bumbungan tosan, ingkang kapêndhêm tumuntên katrapan malih bumbungan sami ngadêg, ing nginggil kasukanan gêlas tèng, bumbungan kang dhatêng ing salêbêtipun tèng wau tumuntên kabikak sêkrupanipun amrih wêdaling gas punika, yèn sampun mêdal lajêng kasulêt urubing diyanipun anglangkungi padhang, ingkang makatên punika sadaya margi ing Bêtawi ing wancinipun pêtêngan kapasangan diyan gas wau, bênggangipun tèngêting (dan di tempat lain). uruting margi punika, watawis nyadasa ru, mila yèn tiyang lumampah ing radinan anglangkungi padhangipun, [padhangi...]

--- 46 ---

[...pun,] botên susah bêkta tèng piyambak.

Wondene diyan gas ingkang kangge ing salêbêting griya, punika pamêndhêtipun gas saking bumbungan tosan kang wontên ing margi, awit saking katrapan bumbungan tosan alit ingkang malêbêt ing griya tuwin dhatêng ing diyan-diyan sadaya, ananging sadèrèngipun dhatêng ing diyan-diyan punika, gas wau malêbêt ing pêthi tosan, ing ngriku wontên pirantosipun takêraning gas ingkang sampun kangge. Pêthi tosan wau sorogipun kacêpêngan dening Walandi ingkang gadhah pabrik gas, sabên wulan sapindhah, Walandi punika dhatêng ambikaki pêthi-pêthi takêran gas, ningali ing salêbêtipun sawulan wau ing sagriya punika sampun ngangge gas sapintên pun,ukuran berat. manawi sampun sumêrêp kathahipun gas ingkang kangge, tumuntên anêdha bayaran rêgènipun gas wau dhatêng kang gadhah griya, dados rêgining gas amêndhêt takêran pun.ukuran berat.

Dene kang kapasang ing pinggiring margi kangge amadhangi ing radinan, punika Gupêrmèn ingkang bayar, ing dalêm sataunipun, bilih kula botên lêpat 60 000 rupiyah.

--- 47 ---

Ing Bêtawi punika sayêktos kenging kawastanan kitha ingkang anglangkungi sae, griya-griya sarta sadayaning radinan, punapadene pranatanipun botên wontên ingkang kuciwa. Manawi sontên kathahipun para tuwan-tuwan sarta nyonyah-nyonyah ingkang sami bêsiyar numpak kreta agumunakên, botên saking kathahipun kemawon, nanging bagusing têtumpakanipun kreta, ingkang kathah sami ngangge kreta damêlan ing tanah Eropah, kang rêgènipun botên kirang saking 1500 dumugi 3000 rupiyah, dene rakitanipun kathah ingkang ngangge kapal teji Sidni, ugi kantos wontên ingkang rêgi 2000 rupiyah sarakit. Sanadyan botên numpak kreta damêlan Eropah tuwin botên ngangge rakitan teji, ingkang kaangge bêsiyar wau sadaya bagus-bagus. Wondene panganggnipun para nyonyah-nyonyah ingkang sami bêsiyar ugi sami sae-sae, mila para priyantun Walandi ing Bêtawi ingkang tampi blanja 600 rupiyah sawulan, mèh botên cêkap katêdha, awit saking kathah wragadipun têtumbas barang ingkang sae-sae, amargi manawi kêkêmpalan [kêkêmpala...]

--- 48 ---

[...n] para nyonyah-nyonyah sami jor-joran mangangge sae, ingkang kaping kalih, sewanipun griya sangêt awisipun, kaping tiganipun blanjanipun rencang ugi sami kathah-kathah, ingkang sagêd ngrimati kapal tuwin gadhah kreta punika, kaetang naming para tuwan-tuwan ingkang blanjanipun langkung saking 1000 rupiyah, utawi sanadyan botên gadhah têdha kirang saking samantên sawatawis, nanging botên gadhah anak rayat, punika sagêd ugi ngrimati kapal tuwin gadhah kreta.

Yèn tinimbang kalihan kala jaman ing rumiyin, sayêktos katingalipun ing pangajêngan, kados ta pangangge, praboting griya tuwin têtumpakan, sae samangke, ananging kathah bêbingahipun kala rumiyin. Awit ingkang wau mèh sabên dalu wontên kêkêmpalan utawi pista, dene sapunika botên ngamingakên botên wontên bêbingah utawi ramen-ramen kemawon, nanging wanci pukul wolu sontên sampun mèh botên wontên Walandi lêlênggahan ing ngajêng malih, mila diyanipun sami kapêjahan, dados mèh sadaya griya-griya sampuning pukul wolu sami pêtêng kemawon.

--- 49 ---

Pangagêngipun jawi ingkang lênggahipun sami kalihan Bupati, ing ngriku botên wontên. Dene ingkang nyêpêng panguwasa naming Asistèn Residhèn kemawon, priyantun Jawi ingkang wontên ing ngriku naming Jaksa, Pangulu tuwin Niyaka pangadilan kemawon, wondene ingkang madanani ing dhêstrik, kanamakakên Kumêndhan Dhêstrik. Dene Bêkêlipun dhusun tuwin kampung ing Batawi kawastanan bek, inggih punika wancahipun têmbung Walandi Weik mistêr.

Tiyangipun Jawi Bêtawi ing ngajêng tiyang Sundha sadaya, ananging sarèhning sampun lami dados karajan kitha Walandi ing tanah Indiya Nèdêrlan, mila kathah bôngsa Indiya ingkang gêgriya ing ngriku, langkung malih kathah para agêng tuwin têtiyang ing tanah Indiya kang sami kalêpatan dhatêng ing parentah, lajêng sami kakarsakakên manggèn gêgriya ing ngriku, punapadene saking kathahipun Cina, mila ingkang pancènipun turunan tiyang Bêtawi sampun mèh botên wontên, sadaya wau sampun camboran, adat, cara, tatakrama sarta têmbungipun ingkang asli, sampun botên wontên. Dados panganggnipun kados [kado...]

--- 50 ---

[...s] tiyang Mlajêng, wicantênaning ugi cara Mlajêng lajêng mawi sajak Cina.

Sarehne kaetang sampun salêsih agèn kula nyariyosakên kitha ing Bêtawi, dados kula anglajêngakên cariyos malih.

Wanci pukul pitu enjing, kula sabarang pangangge kula, kula lêbêtakên dhatêng ing sêtasiyun utawi griya pagenanipun lèrèh kareta latu, pagenanipun nginggah tuwin ngêdhunakên têtiyang sarta barang-barang kang kabêkta ing lampahipun kareta wau, ing ngriku anglangkungi kathahipun tiyang ingkang sami badhe dhèrèk lampahipun kreta latu sami angêntosi, dene kreta kang katarik kapal tuwin dhosadho kang katumpakan para tuwan-tuwan dhatêng ing ngriku, punapadene kang kasadhiyakakên badhe kangge katumpakantumpakan. têtiyang ingkang mêdhun saking kreta latu sangêt kathahipun, jêjêl sami rêbat ngajêng, watawis wanci ngajêngakên pukul wolu, kula pirêng gêmrêbêg tuwin sumuwit ungêling sulingipun kreta latu kang kaêntosan ing kathah, botên antawis dangu kreta wau dhatêng lajêng lèrèh ing ngajêngipun sêtasiyun wau, ing ngriku têtiyang ingkang sami mêdhun tuwin ingkang minggah

--- 51 ---

nunut lampah kreta latu sami rêbat inggal, mila anglangkungi ramenipun, sarêng sadaya sampun sami minggah ing kreta, makatên ugi kula sampun pikantuk pagenan lênggah lonceng kang wontên ing sêtasiyun dipun ungêlakên botên lèrèh-lèrèh, tumuntên korining kreta katutupan sadaya, botên dangu sulingipun dipun ungêlakên malih, sampuning makatên kreta lajêng lumampah sumrapat anglangkungi saking sandêripun kapal. Watawis kalangkung pukul sadasa, kreta latu sampun dhatêng ing sêtasiyun ing Bogor utawi Beitênsorêk.

IV. Cariyosipun ing Bogor

Ing cêlakipun sêtasiyun punika wontên griya lusmen agêng, sae tur amantêsi, kula inggih lajêng lèrèh wontên ing lusmen punika, sarehne kula dhatêng saking Bêtawi pagenan ingkang panas, dados raosipun badan kula sakeca, awit saking kraos asrêp, amargi inggilipun ing Bogor punika

--- 52 ---

wontên 800 kaki ing sukonipun rêdi Salak, ing ngriku punika pancèn nagari ingkang kadalêman dening Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral ing tanah Indiya Nèdêrlan. Dene ingkang nyêpêng parentahipun ing ngriku Asistèn Residhèn kemawon kabawah dening Residhèn ing Bêtawi, pangagêngipun Jawi ugi botên wontên, pranatanipun sami kados ing Bêtawi, ananging wadananipun dhêstrik ing ngriku kawastanan Camat.

Dalêmipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, katingal saking ngajêng katêbihan anglangkungi agêngipun. Palataranipun ingkang ngajêng wiyar ngajêngipun dalêm mawi wontên balumbangipun ingkang isi toya, dene dalêmipun kaapit-apit gêdhong agêng kêkalih kados paleis wèltêvrèdhên ing Bêtawi sanèsipun naming dalêm sarta botên mawi lotèng kemawon saha têngahing dalêm ingkang nginggil wontên mênaranipun, kenging dipun inggahi kadamêl ningali têbih, ing ngajêngan lêrês sawatawis têbih katingal wontên tugu banon inggilipun watawis 80 kaki, salêbêting dalêm anglangkungi sae [sa...]

--- 53 ---

[...e] sarta jêmbar lotèngipun kaplêster ngangge gamping sela lintang, mawi kaukir. Sawingkinging dalêm wontên patamananipun ingkang wiyaripun watawis 30 bahu, ananging patamanan wau ingkang dhèrèk dados kagunganipun Kangjêng Tuwan Bêsar namung kidhik ingkang cêlak dalêm kemawon, sanèsipun kagunganipun parentah sadaya. Patamanan ingkang kagunganipun parentah wau, kang nyêpêng Walandi lênggahipun kawastanan dhirektur, ingkang kablanja 800 rupiyah sawulan. Dene pêrluning Gupêrmèn yasa makatên punika, amrih pêncaring kawruh bab têtanêman, mila têtanêman saking nagari ing sabrang kang pancèn sagêd gêsang katanêm ing ngriku, sami wontên sadaya, botên ngamingakên sae pranataning patamanan kemawon, nanging jangkêp sawêrnining têtanêman, dalah blanjanipun dhirektur kang kapratelakakên ing nginggil wau, ing dalêm sataunipun parentah aparing wragadipun patamanan wau watawis 30.000 rupiyah. Wondene têtanêman kang wontên ing ngriku, yêktosipun kula botên sagêd anyriyosakên sadaya, awit saking kathahing warnining, naming kula sagêd nyariyosakên, [nya...]

--- 54 ---

[...riyosakên,] patamanan wau anglangkungi saenipun, inggih sae pranataning pananêmipun, tur warni-warni sarta sae-sae rupining têtanêman. Inggih awit saening siti parêden tuwin kathahing toya, malah toyanipun kantos kadamêl rêrênggan kados ta: umbul kang pancuratipun toya inggiling kantos 10 kaki, balumbang sarta pasiraman. Ananging ingkang makatên wau kula botên gumun, awit aningali saking kathahing wragadipun kantos cariyos kula ing nginggil wau.

Sadanguning wontên kreta latu punika, mindhak kathah para tuwan-tuwan ingkang gêgriya wontên ing ngriku, tiyang damêl griya, mindhak lami mindhak kathah, awit tuwan-tuwan ingkang nyêpêng damêl ing bêtawi kathah sênêng gêgriya ing Bogor, amargi saking asrêping hawanipun, tuwin gampiling kesah wangsul dhatêng ing Bêtawi, awit kreta latu mangkat saking Bogor jam 7, dhatêngipun ing kitha Bêtawi jam satêngah 10, sabibaripun kantor jam 3 siyang lajêng sagêd wangsul malih dhatêngipun ing Bogor jam satêngah 6 sontên. Ananging yèn ta sabên dintên kesah wangsul makatên, sayêktos andadosakên [andadosa...]

--- 55 ---

[...kên] payahipun, mila para tuwan-tuwan wau naming sabên kalih utawi tigang dintên sapindhah dhatêng ing kantoripun ing Bêtawi.

Wondene margining basiyaran, naming satunggil, ingkang mubêng ing pagenan Kabupatèn lami dumugi bumi ing Comas, margi wau sarehne siti parêden, dados minggah mêdhun.

Ing samôngsa kula kesah dhatêng padusan kang kanaman Kotabatu, têbihipun saking Bogor 4 pal, padusan wau kadamêl balumbangan mawi kabanon, dados tiyang ingkang adus inggih lajêng malêbêt ing balumbang wau, toyanipun mêdal saking sumbêr agêng mila anglangkungi bêningipun. Dene lêbêtipun sarehne wontên korining margènipun toya, mila kenging kalêbêtakên ngantos 15 kaki, yèn dipun cèthèkakên naming wontên toyanipun 4 kaki, pinggiring padusan punika wontên griyanipun mawi kamar pagenaning têtiyang cucul tuwin dandos ingkang sami adus. Sintên tiyangipun kang adus ing ngriku sami bayar sarupiyah dhatêng ing Cina kang nyêpêng padusan punika. Padusan wau Walandi ingkang [ing...]

--- 56 ---

[...kang] gadhah bumi kang nama Comas, awit pagenanipun wontên ing bumi Comas wau, dene Cina kang nyêpêng punika nyewa dhatêng ing Walandi kang gadhahi padusan punika. Ing sajawining padusan wontên tiyang sêsadeyan warni-warni arupi têtêdhan tuwin minuman, mila ambingahakên dhatêng têtiyang kang sami dhatêng ing ngriku. Kacriyos manawi tiyang èstri botên gadhah anak, môngka adus wontên ing ngriku, lajêng sagêd wawrat sarta gadhah anak. Tuwin wontên selanipun ing sacêlaking padusan wau ingkang dipun mêmule ing kathah, bilih wontên tiyang kang gadhah pitajêng môngka katrimah anggènipun mêmuji ing ngriku, sayêktos badhe kadhatêngan sasêdyanipun. Mila kathah tiyang amônca kang sami mêrlokakên dhatêng ing ngriku.

Kacriyos pagenan punika ingkang wau tilasipun kadhaton Pajajaran inggih punika kadhatonipun Ratu Siyung Wanara.

Anglangkungi bingah kula amirêng pawartos yèn ing Bogor badhe wontên balapan kapal, mila kapêrlon kula angantosi ing ngriku, sarêng sampun dumugi ing dintênipun [di...]

--- 57 ---

[...ntênipun] balapan wau, kula kesah ningali ing pagenan punika, sadhatêng kula ing pagenan balapan, ing ngriku kula ningali wontên siti waradin sarta lapang watawis wiyaripun saprapat pal, panjangipun satêngah pal, ingkang têngah mawi karajêgan dêling mubêng panjang, kacriyos saubênganipun lonjong wau têbihipun sapal.

Enjing punika ing ngriku sangêt ramenipun awit saking gamêlan tuwin musikan. Pinggiripun wetan siti lawang wau kasukanan panggung wiyar sarta panjang, inggih punika panggènanipun para tuwan-tuwan sarta nyonyah ingkang sami aningali, ing sakiwa têngênipun griya agêng wau kathah panggung dêling payon atêp pagenaning ningali tiyang-tiyang sarta para Walandi ingkang botên minggah ing panggung agêng wau, têtiyang ingkang sami ningali anglangkungi kathahipun prasasat ing sapinggiripun siti lawang wau mubêng kaubêngan tiyang-tiyang ingkang sami ningali kemawon.

Sasampuning para tuwan-tuwan ingkang klêmpakan andamêl balapan sami dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana

--- 58 ---

Gupêrnur Jendral rawuh ing ngriku sagarwanipun. Watawis pukul 10 wontên kapal nênêm kathahipun sami teji sadaya katumpakan dening rencangipun ingkang gadhah kapal, dene panganggèning kang numpaki wau namung clana panjang rasukan cêkak kados dening sikêpan, sarta ngangge topi alit, wêdalipun kapal wau mawi katabuhan gamêlan sarta musikan, kabêkta ing sangajêngipun panggung agêng, sarêng sampun jejer, lajêng sami kauculakên dening kang anuntun, kapal samantên wau sarêng plajêngipun, angubêngi ing bumi lawang kang karajêgan, wangsul dhatêng ing sangajênging panggung katingalan pundi ingkang wontên ing ngajêng piyambak punika ingkang mênang ananging pikantukipun ganjaran kapal ingkang mênang punika manawi sampun mênang plajêngipun kaping kalih.

Ing dintên punika kados wontên kapal 40 ingkang sami dipun abên balapan, mila bibaripun kantos pukul 1 siyang. Antawis kalih dintên inggih balapan malih pranatanipun inggih kados ingkang kapratelakakên ing nginggil. Sasampunipun punika, dalonipundalunipun. lajêng pista dhangsah ing panggung wau, sarta angêdum ganjaranipun [ga...]

--- 59 ---

[...njaranipun] ingkang anggadhahi kapal mênang plajêngipun.

Kapal ingkang kangge balapan punika botên kenging katumpakan kaangge kêkesahan utawi kangge rakit ing kreta, awit bilih wontên kapal lumajêng ing sangajêngipun anguwatosi, awit lajêng lumajêng kumêdah anglancangi kapal ingkang wontên ing sangajêngipun wau.

Pangrimatipun kapal kang kangge balapan punika ugi sanès kalihan kapal sanèsipun. Awit têdhanipun kêdah ngangge rumput ingkang sampun garing, amrih sagêda singsêt awakipun, nanging botên kenging lêma, sarta sampun kantos kathah-kathah wêdalipun kringêt bilih kadamêl balapan, mila inggih pangumbenipun ugi kapanci ing dalêm sadintênipun.

Mila yèn tiyang botên sugih, saèstu botên sagêd andhèrèk gadhah kapal kang kangge balapan, amargi kêdah sae pangrimatipun, botên kenging kangge ing damêl sanèsipun dene kanggenipun balapan, naming kaping kalih kang ing dalêm sataun.

Ing Bogor punika kaetang sadaya bumi partikêlir, [partikê...]

--- 60 ---

[...lir,] darbekipun para tuwan-tuwan Walandi, dene kagunganipun parentah namung sakêdhik, namaning bumi kagunganing parentah wau Blubur, botên ngamingakên ing Bogor kemawon ingkang sadaya bumi gadhahanipun tiyang partikêlir, nanging ingkang makatên wau ing salêbêting Karesidhenan Bêtawi sadaya parentah botên kagungan bumi. Bumi ingkang dados kagunganipun Gupêrmèn, naming ingkang taksih wujud wana ingkang botên kalêbêt darbekipun tiyang partikêlir.

Ing Bogor punika kaetang sabên siyang utawi sontên jawah, langkung malih bilih môngsa rêndhêng jawahipun botên wontên lèrèhipun.

Tiyangipun ing Bogor punika tiyang Sundha sadaya, padhusunanipun sae-sae sarta katingal rêja. Sarèhning siti parêden, kathah jawah tuwin kathah toya sumbêr sarta umbul mila têtanêman sami subur, sadaya sami sagêd thukul sae, mila angrêmênakên aningali pêpêthetan sarta têtanêman, awit saking sakeca asrêping hawanipun ing Bogor wau, mila kathah para tuwan-tuwan ingkang sênêng gêgriya sarta [sar...]

--- 61 ---

[...ta] manggèn ing ngriku.

V. Anyriyosakên ing Karesidhenan PrayanganPriyangan.

Ing wanci enjing kula numpak kreta ngangge kapal rakitan pos saking Bogor dhatêng ing Karesidhenan Prayangan, lampahipun kreta tansah minggah kemawon. Ing margi botên ngamingakên saening têtingalan rêrêngganing wukir, nanging kathah griyaning para tuwan-tuwan ingkang nyêpêng utawi gadhah siti, watawis wontên 14 pal saking Bogor wontên griya pasewan pagenanipun tiyang sakit, namaning pagenan punika Gadhug, dene griya wau ingkang gadhah dhoktêr Walandi, mila pagenan punika kadamêl pagenan patirahaning têtiyang utawi Walandi ingkang sami sakit, awit saking sakecaning hawa asrêp, amargi inggilipun wau watawis wontên 1600 kaki. Lampahipun kareta taksih manginggil kemawon, botên antawis dangu kreta kula lajêng katarik dening maesa kantos [ka...]

--- 62 ---

[...ntos] sakawan rakit, watawis pukul 11 lampah kula dumugi ing sanginggiling gêgêripun rêdi mega mêndhung watêsipun Karesidhenan Bêtawi tuwin Prayangan, ing ngriku sangêt asrêpipun awit inggiling watawis wontên 1400 kaki, sarehne kula sampun numpak kreta sakenjing, mila kula lajêng ngaso ing griya alit pancèn pagenan palerehaning têtiyang ingkang sami lumampah, ing griya wau mawi kasukanan meja tuwin dhingklik, pirantos palênggahanipun para tuwan-tuwan Walandi ingkang lèrèh ing ngriku.

Saking griya alit wau sagêd aningali tanah Prayangan ingkang sadaya siti parêden, mila katingal anglangkungi bagusipun, awit warni-warni rupenipun, gumuk pating prathuthuk, jurang cêrung karungrungan, rêdi rêrênggan ngrêsêpakên tyas kang lêlampah, yèn ta kula anyriyosakên rêngganing rêdi kang katingal saking ing mega mêndhung, yêktosipun kirang papan panyêrating cariyos punika, mila rêrênggan wau naming kula sambi-sambi kemawon. Botên antawis dangu anggèn kula lèrèh ing ngriku, kula lajêng numpak kreta malih anglajêngakên [a...]

--- 63 ---

[...nglajêngakên] lampah kula, mêdhunipun kreta mawi katrapan sêpatu tosan rodhanipun ingkang wingking amrih sampun kantos kadrojog lampahipun. Lampahipun kreta ngangge sêpatu wau watawis wontên kalih pal têbihipun. Sampunipun punika lajêng karakitan kapal malih, botên antawis dangu lampahipun kreta, kula ningali griya Walandi agêng ing wingkingipun mawi wontên patamananipun sae, kula pitaken dhatêng kusir punika griya punapa, wangsulanipun, punika griya sakit ing Sindhanglayah, nama ingkang makatên wau têmbung Sundha, kados kenging katêmbungan Jawi Sêndhanglaya. Ing ngriku kula lèrèh badhe aningali, mila kula lajêng kapanggih kalihan dhoktêripun ingkang gadhah griya sakit wau, amurih supados kula dipun sêrêpakên griya sakit punika, saking panêdha kula wau inggih dipun dhèrèki, lajêng kadêdahan sadaya, sawawratipun griya inggih sae, saha kala punika kalêrês kathah para tuwan-tuwan Walandi ingkang sami sakit manggèn wontên ing ngriku, kula pitaken dhatêng ing dhoktêr wau, kok dados ing ngriku kasukanan griya sakit, saking

--- 64 ---

wangsulanipun, inggih awit saking asrêpipun, amargi inggiling pagenan punika, watawis wontên 3800 kaki, sarta toyanipun kalêbêt kathah tuwin sae, ing sawingkingipun griya sakit wau mawi karêngga dening patamanan sêkar warni-warni, amrih ambingahakên dhatêng kang sami sakit, awit wontên kang katingalan sarta sêsênênging manah. Sasampuning kula ningali ing ngriku kula lajêng anglajangakên lampah kula malih, botên antawis têbih naming kirang langkung sapal saking Sindhanglayah, wontên griya malih, kula pitaken, punika griya punapa. Angsulanipun ingkang kula pitakeni punika pasanggrahanipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral anama Cipanas, kula inggih ugi aningali, ananging griyanipun kalêbêt limrah kemawon, dene wêngkonipun wiyar katanêman sayuran dhaharipun Kangjêng Tuwan, mila sabên dintên ingkang dados juru taman angladosakên kawêdalanipun sayur dhatêng ing Bogor, dene inggilipun watawis wontên 3400 kaki, mila inggih sangêt asrêpipun. Botên antawis dangu kula anglajêngakên lampah kula, watawis [watawi...]

--- 65 ---

[...s] jam 3 siyang kula dhatêng ing Cianjur, ing ngriku kula sipêng sadalu.

Ing kitha punika kala rumiyin kitha Karesidhenan, ananging samangke naming katanêman Asistèn Residhèn kemawon. Dene Residhenipun amanggèn ing Bandhung, mila makatên ing Bandhung punika kaetang têngah-têngahing Karesidhenan Prayangan kang sisih êlèr urutipun margi agêng.

Ing Cianjur punika kitha alit, sarta kirang prayogènipun, dene inggilipun saking laut watawis 1500 kaki. Griya Kabupatèn pagenan nampeni tuwin pondhokanipun tamu, griya papan agêng wangun loji, dene BupatenipunBupatinipun (dan di tempat lain). manggèn ing griya alit sisihipun griya tamu wau, makatên ugi griya Asistèn Residhenan kang wau griya Residhèn, ugi papan kemawon. Ingkang anèh-anèh malih kang pantês kenging kula cariyosakên ing sêrat punika botên wontên. Mila kula enjingipun lajêng dhatêng ing Bandhung, dhatêng kula ing Bandhung wanci jam 12 siyang, ing margi lampahipun kreta inggih minggah mêdhun [mêdhu...]

--- 66 ---

[...n] kemawon, katarik maesa tuwin ngangge sêpatu, ananging taksih kathah minggahipun, awit inggilipun kitha ing Bandhung punika watawis wontên 2200 kaki.

Wondene kitha ing Bandhung punika rêja sarta sae, radinaning basiyaran inggih kathah tuwin rêsik, pinggiring radinan katanêman pagêr luntas, mila anyênêngakên ing têtiyang amônca kang sami dhatêng ing ngriku, awit saking raharjanipun kitha, kathah têtiyang grami para tuwan-tuwan Walandi inggih ugi kathah, alun-alunipun sae saha wringinipun agêng-agêng, ing ngajêngipun griya Kabupatèn wontên griya banon panggung kêkalih pagenanipun anabuh gôngsa. Dene griya Kabupatènipun ugi kados ing Cianjur mawi wontên pagenanipun panampi sarta pondhokan tamu, ananging griya banon sarta agêng praboditun sae, kamar pondhokanipun wolu, wingkinging griya wontên balumbangipun wiyar pagenaning ulam gramèh.

Griya kang dipun agèni Bupatenipun, ugi wontên ing sisihing griya agêng pamondhokan wau, ananging sawawrating sangêt alitipun, dene praboting [pra...]

--- 67 ---

[...boting] griya inggih limrah kemawon. Bupati ing ngriku sangêt sugihipun, awit Bupati ingkang sampun tilar dunya punika pamêdalipun watawis wontên kalih têngah kêthi ingkang sataun, dene ingkang gêntosi sapunika sampun suda pamêdalipun tinimbang kalihan ingkang sampun tilar donya, nanging ugi taksih kathah, watawis pamêdalipun samangke wontên sakêthi kang ing dalêm sataun. Pamêdalan ingkang samantên wau, ingkang wolung lêksa ganjaran kawêdalaning tanêman kopi, kang kalih lêksa sataun balanjanipun pananggalan.

Mila satilaripun donya Bupati kang rumiyin, anama Radèn Adipati Wiranata Kusuma, ridêr saking ordhê Nèdêrlansên leyo utawi bintang singa barong ing Nèdêrlan, nalika ing salêbêtipun taun 1874, atilar yatra sarta barang, watawis tigang yuta rupiyah. Dene satilaripun Radèn Adipati wau, ingkang kagêntosakên dados Bupati ing ngriku, patihipun kalêrês sadhèrèkipun anèm, mila makatên, awit putranipun kêkalih dening parentah taksih dèrèng cêkap anyêpênga Kabupatèn, lajêng kadadosakên [kadado...]

--- 68 ---

[...sakên] patih amrih ing wingking manawi ingkang paman tilar utawi lèrèh, piyambakipun sagêda gêntosi dados Bupati ing Bandhung.

Griya Karesidhenan watawis wontên sapal têbihipun saking Kabupatèn, kapêrnah sajawining kitha kang sisih êlèr, pagenanipun griya wau watawis wontên 100 kaki inggilipun saking alun-alun, mila tawang sangêt, sagêd anêningali ing têbih.

Sarèhning kula mirêng yèn ing ngriku wontên pamulanganing parentah pagenanipun mulang lare-lare ingkang sumêja dados guru pamulangan ing tanah Pasundhan. Kula amêrlokakên aningali, dhatêng kula ing pamulangan guru punika, lajêng pinanggih kalihan Walandi ingkang dados guru ing ngriku, kula pratela yèn badhe sumêrêp ing pamulangan punika, sanalika kula lajêng kairit kadêdahakên sadaya.

Griya pamulangan wau tiningalan saking ngajêng sae, awit griya banon tur wangunipun prayogi sarta agêng, mawi ingapit-apit griya wangunipun sami kalihan griya pamulangan wau, nanging sawatawis alit. Griya pangapit [pa...]

--- 69 ---

[...ngapit] punika kaênggenan dening guru Walandi kêkalih ingkang sami mulang wontên ing pamulangan punika.

Ing salêbêting griya pamulangan wau, kamar kang kaêngge mulang mawi kapinta-pinta, pagenanipun lare ingkang taksih inggal malêbêt ing pamulangan, tuwin ingkang sampun kathah kasagêdanipun.

Sawingkinging griya pamulangan mawi karêngga têtamanan sari, sarta wontên gêdhongipun panjang pondhokanipun lare-lare ingkang sami kamulang ing ngriku, kajawenipun kaparingan pagenan, lare-lare punika sami dipun blanja pananggalan dening parentah, ingkang sawulan 15 rupiyah.

Ing Kabupatèn Bandhung punika wontên Asistèn Residhenipun ingkang nyêpêng panguwasa nagari utawi ingkang anindakakên pandamêlan padintênan tuwin prakawis polisi, kados ing Kabupatèn sanèsipun. Dados Residhèn botên dhèrèk ngasta ing Kabupatèn Bandhung, nanging angasta panguwasa agêng ing Karesidhenan Prayangan sadaya.

Sampuning kula aningali ing ngriku, kula anglajêngakên [anglajêngakê...]

--- 70 ---

[...n] ing lampah kula dhumatêng ing Sumêdhang, lampahipun kreta samargi-margi taksih minggah mêdhun kemawon, ngangge sêpatu tuwin katarik dening maesa, sanadyan dangua lampahipun kareta, nanging sarehne kathah têtingalan ing rêdi-rêdi tuwin jurang-jurang, mila anyênêngakên ingkang lêlampah. Ing Sumêdhang ugi taksih asrêp, awit inggilipun saking laut watawis wontên 1400 kaki, kithanipun alit nanging nyênêngakên awit saking rêsikipun sarta saening têtanêman langkung malih ing alun-alun sênêngipun ingkang ningali, awit aningali bagusipun griya pamondhokan Kabupatèn kados ing Bandhung, griyanipun agêng sarta sae, sawingkingipun ugi mawi wontên sagantênaning wiyar pagenanipun ulam gramèh, kaapit ing rêdi, kang tirta akomplang-komplang kados gêdhah kasorodan ing surya, wêwayanganing giri kêkalih katingal ing salêbêting warih, dalu kalêrês pêtêng, kambêngan garing kang wontên ing rêdi sami kabêsmi, urubing latu amadhangi warih kang kinarya rêrênggan, mila kados samodra dahana, kang warih kasilir samirana prasasat [prasasa...]

--- 71 ---

[...t] ombaking jaladri, lembak-lembak baitanan lit-alit kang kinarya lêlangên ing ngriku, sampuning pangrêngga kula ing sagantênan wau, kula anglajêngakên cariyos.

Ingkang dipun ênggèni bupatinipun ugi griya alit ing sisihipun griya pamondhokan agêng wau, alun-alun ingkang sisih êlèr dados ajêng-ajêngan kalihan Kabupatèn, griya Asistèn Residhèn sisih wetan griya bolah ingkang kilèn masjid agêng.

Bupati ing Sumêdhang punika pangkatipun Pangeran, mila makatên ingkang rama kang wau ugi nama Pangeran.

Dalu kula dipun pameri bêdhayanipun Kangjêng Pangeran, sami kajogedakên kathahipun 8, sami sêlir sadaya, mila warnenipun sae-sae, panganggnipun sadaya mobyor awit saking kathahing jêne tuwin intên. Yèn ing Pasundhan jogedipun wau sampun sae tur tanpa tandhing.

Enjing kula mangkat saking Sumêdhang badhe dhatêng ing Ciamis Karesidhenan Carêbon. radinanipun kirang prayogi sarta anglangkungi pakewêd awit minggah mêdhun, kapal rakitan kareta botên kuwawi mlajêng narik [nari...]

--- 72 ---

[...k] kreta, mila lampah kula kantos kadalon ing margi, sarêng sampun watawis pukul 10 saking sampun sangêt arip sarta sayah kula, dados kareta kula purih lèrèh ing sangajênging griya pajagèn, kula lajêng mêdhun lèrèh tilêm ing salêbêting pajagèn wau, sarêng watawis jam 6 enjing kula tangi, kagèt aningali pajagèn ingkang kula tilêmi wau sampun pinanggih kagrêbong dening cindhe, kula pitaken, sintên ingkang grêbong wau, angsulanipun ingkang kula pitakeni, sarêng tiyang jagi sumêrêp kula tilêm ing ngriku, tiyang kang satunggil lajêng mantuk lapur dhatêng lurahipun, yèn wontên lèrèh sangajêngipun ing pajagèn, sarta priyantunipun lajêng tilêm ing pajagèn. Sarêng Lurah dhusun tampi lapur ingkang makatên, sanalika lajêng kesah dhatêng ing pajagèn wau sarta bêkta cindhe kang kadamêl garêbong, sarta malih bêkta pirantosipun patilêman, bantal guling tuwin lemekipun, manawi kula badhe ngangge, punapadene bêkta têtiyang dhusun kathah sami kapurih anjagèni pagenan kula tilêm sarta kreta kula, awit pagenanipun pajagèn punika cêlak [cê...]

--- 73 ---

[...lak] ing wana sarta têbihipun saking dhusun watawis satêngah pal.

Sarêng enjing kula tangi wau sampun wontên sadhiyanipun sarapan, awarni wedang kopi, kêtan puli, tigan sarta dhendheng sangsam. Kula inggih lajêng anêdha ing sêgahan wau.

Pajagèn ingkang kula tilêmi wau dhèrèk Kabupatèn ing Manungjaya, Karesidhenan Prayangan, watawis jam 7 kula mangkat saking ngriku, dhatêng kula ing Ciamis pukul 10 enjing punika ugi.

Tanah ing Pasundhan Karesidhenan Prayangan punika botên wontên ingkang waradin, sadaya siti parêden, laladaning Karesidhenan punika sangêt jêmbaripun, nanging tiyangipun naming sakêdhik, wondening kawêdalanipun awarni kopi, lumados dhatêng ing Guprêmen, punapadene parentah angarsakakên nanêm kinah (china) watawis kathahipun 900 bahu, inggih punika ingkang kadamêl kênini kang kaangge jampining tiyang sakit panas, aliya saking punika sawatawis wontên para tuwan-tuwan Walandi ingkang sami nanêm teh.

--- 74 ---

Wondening ingkang wau siti Prayangan punika watawis nalika taun Walandi 1677 utawi taun Hijrah Be ôngka 1088, nalika awit jumênêngipun Kangjêng Susuhunan Mangkurat kaping 1 kaparingakên dhatêng Kumpêni, nalika taun walandi 1705, awit jumênêngipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Paku Buwana kaping 1 utawi kang kasêbut Kangjêng Susuhunan Pugêr, punika pungkasanipun agèning maringakên siti ing Pasundhan kalihan adamêl sêrat prajangjiyan, katandhan kaping 5 wulan Oktobêr 1705,§ Tijds. Bat. Genp. v. K. en W. deel XIX 7e. serie deel. 1. Afg. 3 bl. 218 en bl. 253. nalika samantên Kumpêni anglulusakên caraning panyêpêngipun para Bupati ing ngriku ing Kabupatènipun piyambak-piyambak, kados nalika taksih kaasta dening Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, inggih punika bumi saKabupatèn wau kagadhuhakên dhatêng ing para Bupatinipun piyambak-piyambak, mila siti Kabupatèn punika, prasasat kados gadhahanipun para Bupati, mila para Bupati tuwin priyantun botên kablanja dening

--- 75 ---

Gupêrmèn, ananging pikantuk pawêdalaning bumi Kabupatènipun kemawon. Para Bupati pikantuk pawêdalanipun pantun satunggal para sadasa, wondene tiyang alit pikantuk sangang panduman saking para sadasa, dene para priyantun sadaya kablanja utawi kaparingan siti dening Bupatinipun. Gupêrmèn naming mundhut pawêdalanipun kopi kemawon, mawi kabayar ingkang sadhacin 7 rupiyah, ingkang 5 rupiyah kaparingakên tiyang alit ingkang sami nanêm kopi, ingkang sarupiyah dhatêng Bupati, ingkang sarupiyah kaêdumakên dhatêng para priyantun ingkang sami kabêbahan nanêm kopi. Ingkang makatên wau ing salêlêbêtipun taun 1871 bumi Prayangan wau sampun kapundhut dening parentah malih, lajêng kapranata kados ing tanah pasisir Gupêrmenan, pawêdalaning siti dados gadhahanipun tiyang alit sadaya, ananging sami bayar paosing tanêman pantun, wondening kopi katumbas dening parentah kalihan rêgi sami kados ing tanah Gupêrmèn ing Karesidhenan sanèsipun. Dene para Bupati kaparingan balanja pananggalan sadaya, ingkang sataun,

--- 76 ---

20 000 rupiyah utawi ingkang sawulan langkung saking 1600 rupiyah, kajawi punika Bupati ingkang lami kaparingan wêwahan balanja pananggalan malih ingkang sawulan 1000 rupiyah, blanja wêwahan wau naming dumunung dhatêng ing para Bupati ingkang sami wontên ing nalika siti kapundhut dening parentah kemawon, dene benjing manawi Bupati wau kagêntosan, inggih botên pikantuk wêwahan 1000 rupiyah wau, nanging ngamingakên ingkang 20 000 rupiyah kemawon. Kajawenipun punika para Bupati sami kaparingan ganjaran pawêdalanipun kopi ingkang sadhacin sarupiyah, sarta pikantuk tiyang jagi ayêr utawi pancèn padintênan, kados ing Karesidhenan sanèsipun, wondening blanjaning para priyantun sanèsipun, punapadene kathahing pikantukipun tiyang kang jagi ayêr, sadaya katêmtokakên kadamêl sami akalihan siti ing Gupêrmenan sanèsipun.

Para Bupati ing Prayangan nalika sitènipun kapundhut dhatêng parentah wau, sami kaganjar sadaya, kados ta ing Sumêdhang kaparingan pangkat Pangeran, Bupati ing Bandhung [Ba...]

--- 77 ---

[...ndhung] kaparingan bintang Nèdêrlansên Leyo utawi ingkang kawastanan Singa Barong ing Nèdêrlan, wondening Bupati sanèsipun ingkang taksih pangkat Tumênggung kang sampun sawatawis lami anggèning dados Bupati sami kaparingan pangkat Adipati, dene ingkang taksih inggal dados Tumênggung kaparingan trima kasih dening parentah.

Anjawi saking punika, ing Karesidhenan Prayangan kawêwahan dipun tanêmi Asistèn Residhèn 4, ing Kabupatèn Bandhung bagiyan Cicahlêngkah, ing Kabupatèn Cianjur bagiyan Sukabumi, ing Sumêdhang bagiyan Tasikmalaya, ing Kabupatèn Sukapura bagiyan Sukapura kolot, ing pagenanipun Asistèn Residhèn sakawan wau kang adados pangagêngipun Jawi ing ngriku lênggahipun Patih minôngka dados sêsulihipun Bupati kang ambawahakên ing bagiyan punika.

Ing Karesidhenan Prayangan punika kaetang botên wontên Cina, wontên ugi sawatawis naming sami dados tukang kemawon, mila makatên awit [awi...]

--- 78 ---

[...t] botên kenging Cina dhatêng salêbêtipun Karesidhenan Prayangan, bilih dèrèng pikantuk lilahipun Gupêrmèn.

Ing salêbêtipun Karesidhenan Prayangan botên wontên pacandon punapadene botên kenging tiyang sade candu ing ngriku, awit kaawisan dening parentah, mila ing salêbêtipun Karesidhenan ngriku botên wontên ingkang nyêret, manawi wontên tiyang ingkang nyêret satunggal kalih, yêktosipun inggih kalihan calimen, sarta panumbasipun saking bawah Karesidhenan Cêrbon, ing Bêtawi utawi ing Krawang, bilih têtiyang kang bêkta candu malêbêt ing Karesidhenan Prayangan wau kenangan dening Polisi, sayêktos kapatrapan paukumanipun tiyang ingkang anêrak awisan bab candu.

Makatên ugi pagenan pagantosan inggih botên wontên. Mila ing Karesidhenan Prayangan punika sakêdhik sangêt prakawis Polisi, inggih awit botên wontên tiyang nyêret wau tuwin kaetang botên nate srawungan tiyang mônca, amargi sadaya siti parêden, dados sangêt pakewêdipun tiyang [ti...]

--- 79 ---

[...yang] ing ngriku kang sumêja kesah dhatêng ing liya pagenan, punapadene tiyang saking sanèsing Karesidhenan inggih awis ingkang andhatêngi. Dene manawi wontên prakawis Polisi utawi kadurjanan sawatawis, ingkang limrah inggih sami ngakên kemawon. Mila panyêpêngipun Polisi ing salêbêting Karesidhenan Prayangan punika gampil.

Griyanipun tiyang alit sami ngangge gladhag sadaya, bênggang inggilipun saking siti watawis kalih kaki, dene wangunipun griya sami dara gêpak, botên wontên ingkang pêncu, wondene kang kaangge payon, kambêngan utawi duk.

Panganggènipun tiyang alit saèmpêr kados êncik, sinjangipun sarung awarni lurik, awis-awis ingkang ngangge sinjang bathik, dene ingkang mangangge kados tiyang Jawi punika naming para priyantun kemawon.

Panganggènipun para èstri ugi sami sarungan kemawon dumugi ing sangingilipun udêl botên dipun sabuki, ingkang taksih prawan ngangge rasukan kêbayak nanging botên katutupan utawi dipun bitingi, sarta botên [bo...]

--- 80 ---

[...tên] ngangge kêmbên. Tiyang èstri ingkang sampun laki sarta gadhah anak, botên ngangge rasukan pindhah tuwin tanpa kêmbên, mila dados angliga kemawon, ingkang mêkatên punika botên ngamingakên yèn pinuju dhatêng ing griya kemawon, nanging sanadyan lumampah dhatêng ing radinan agêng inggih sami makatên sadaya.

Pakurmatanipun tiyang alit dhatêng para agêng tuwin para tuwan-tuwan Walandi taksih kados kala ing kina, awit têtiyang ing ngriku punika awis-awis srawungan kalihan têtiyang liya nagari tuwin liya bôngsa, mila jalêr èstri mênawi kapêthukan kalihan para tuwan-tuwan Walandi utawi priyantun, taksih sami dhodhok.

Kalampahanipun tiyang alit sami sae-sae, sakêdhik sangêt kang purun lampah durjana, kecu utawi kampak, ing ngriku botên wontên, padhusunan sami rêja, bale pemahanipun sae-sae, kere utawi têtiyang kang kamlaratan mèh botên wontên.

Têtiyang saking kitha Kudus kathah kang sami gêgramen ing ngriku, mila makatên awit wontênipun ing ngriku sami sênêng amargi botên wontên prakawis, sarta inggal sami [sa...]

--- 81 ---

[...mi] sugih, mila tiyang ing Pasundhan amastani tiyang Kudus punika cinanipun ing tanah Prayangan, awit sami sagêd gêgramen, baut upados bathi tuwin wasis anglampahakên yatra.

VI. Cariyosipun ing Kitha Ciamis sarta Crêbon

Kitha ing Ciamis punika Kabupatèn Galuh bawah Karesidhenan ing Crêbon, warnining kitha kados dene dhusun agêng kemawon. Tiyangipun taksih Sundha sadaya, dene rêjanipun tiyang alit sarta padhusunan taksih sami ugi kalihan tanah ing Prayangan.

Ing Kabupatèn punika wontên Asistèn Residhènipun. Dene griya Asistèn Residhèn wau angajêngakên ing alun-alun, ajêng-ajêngan kalihan griya Kabupatèn.

Griyanipun Kabupatèn taksih inggal, anglangkungi agêngipun, Gupêrmèn anggèning ngarsakakên damêl [damê...]

--- 82 ---

[...l] griya punika wragadipun têlas 150.000 rupiyah, mila kantos awisipun samantên, awit kajêng jatos kang kangge ing griya punika saking Surabaya sadaya, awit ing ngriku botên wontên kajêng jatos, dene pambêktanipun kajêng wau kawawrat dening baita dumugi ing Tlacap. Saking Tlacap kagered dening tiyang utawi maesa dumuginipun ing Ciamis.

Bupatinipun sapunika botên manggèn ing griya agêng wau, ananging manggèn ing pasanggrahan, ingkang kanamakakên Selagangga, têbihipun watawis wontên saprapat pal saking griya Kabupatèn, pasanggrahan wau kagunganipun Kangjêng Radèn Adipati piyambak, griyanipun kalêbêt alit, nanging anyênêngakên, ing sangajêngipun griya wontên sagaranipun wiyar ingkang kaisenan ulam gramèh, dene kathahipun ulam samangke tanpa etangan, awit saking saening siti, sarta prayogining toya, mila ulamipun dados agêng-agêng sarta sae-sae, wondene griya Kabupatèn, sapunikanipun naming kadamêl sadhiyan pondhokan, manawi wontên tamu

--- 83 ---

kemawon.

Barang sêsadeyan ingkang rupi têtêdhan tuwin pagêsanganipun tiyang, ing ngriku sangêt mirahipun, awit saking ing pagenan punika botên nate kadhatêngan têtiyang saking ing mônca kang têtumbas utawi kêkilakan, awit saking sangêt têbihipun saking mônca nagari sarta saking Cêrbon kithaning Karesidhenan, ing pasisir êlèr têbihipun langkung saking 70 pal, kajawi saking têbihipun samantên wau, margènipun anglangkungi pakewêd, awit anglangkungi gêgêring rêdi Cêndhana sukuning rêdi Crême, inggilipun watawis 3500 kaki.

Sarehne ing Ciamis botên wontên têtingalan ingkang anèh, mila anggèn kula lèrèh ing ngriku botên lami. Ing wanci enjing kula mangkat saking ngriku, lampahipun kareta sawatawis rêmbên. Awit minggah ing sukuning rêdi Crême, watawis pukul 12 siyang lampah kula dhatêng ing pasanggrahan anama Pênjaluh têbihipun saking Ciamis 4 pos, dene inggilipun 2700 kaki, mila sanadyan dhatêng kula ing

--- 84 ---

ngriku wanci siyang ugi taksih asrêp, ing ngriku lajêng aso sarta lèrèh nêdha pindhah, pasanggrahan wau ingkang wingking angongkang ing têlaga agêng sarta lêbêt, kakêpung dening rêdi, ing salêbêting têlagi wau, wontên pulonipun pitu sami rêdi sadaya kados dening tumpêng, pulon punika kang satunggil wontên kuburipun Walandi, awit ing ngajêng kacariyos wontên Asistèn Residhèn numpak kapal papriksa ing pandamêlan, sadhatênging cêlakipun ing pasanggrahan punika, dhawah sukonipun kalêbêt ing sôngga tosan, kapalipun nuntên lumajêng, dados Walandi punika dipun seret kalihan kapalipun kantos watawis têbih, sarêng plajêngipun kapal lèrèh Tuwan Asistèn Residhèn wau katulungan ing kathah, tumuntên bêkta ing pasanggrahan punika, ananging sagêdipun anggèning dhawah lajêng kaseret ing kapal wau anglangkungi sangêt, sarêng kraos yèn sakitipun botên sagêd saras, lajêng mamêling, yèn piyambakipun kadugekakên ing jangji, supados kakubura ing satunggiling pulon kang wontên ing salêbêting têlagi wau. Botên antawis lami tuwan Asistèn [A...]

--- 85 ---

[...sistèn] Residhèn punika tilar ing dunya, kunarpanipun kakubur ing pulon kados wêlingipun ing ngajêng.

Manawi tiyang lênggah ing pasanggrahan kang wingking aningali ing têlagi wau, yêktosipun asrining ranu kasorotan dening sang hyang diwangkara, gumêbyar gumyur cahyaning tirta, surêming têpining têlagi kenging wayanganing giri kang mawa rêrênggan, andamêl sêngsêming wardaya, langkung malih ing ngriku mawi wontên baitanipun sasak kang botên mawi katangsulan, mila lembak-lembak katubing samirana, anyarêngi gumulunging ombaking ranu, baita wau mila pancèn kacawisakên ing para agêng kang badhe lêlangên ing ngriku amêndhêt ulam.

Pulo pêpitu kang wontên ing salêbêting ranu amêwahi asri dados paesipun têlagi, kêthap-kêthap kubur kang wontên ing pulo, tiningalan kados tunjung seta, rawe-rawe kêkajêngan kang manglung ing toya, mobat-mabit katubing angin gumêrit swaraning dhapuran dêling kados panjêlihing kathik, dene sangêt sêpênipun, botên wontên têtiyang kang lêlampah.

--- 86 ---

Sasampuning kula nêdha, kula anglajêngakên ing lampah, lampahing kareta saking ngriku wau tansah kageret dening maesa kemawon kantos dumugi ing sanginggiling gêgêripun rêdi Cêndhana watêsing Kabupatèn Kuningan. Dhatênging kreta ing ngriku mêdhunipun kreta lajêng katrapan sêpatu, kados nalika mêdhunipun saking rêdi Megamêndhung. Watawis pukul 6 sontên kula dhatêng ing kitha Kuningan, ugi taksih bawah Karesidhenan ing Crêbon. Ing ngriku kalêrês taksih inggal wontên lindhu anglangkungi sangêt, mila sadaya griya banon sami rêbah, kados ta: Kabupatèn, Asistenan sapanunggilanipun, malah griya payon atêp ingkang pagêripun kêkah inggih tumut sami rêbah, lamining lindhu punika kantos watawis satêngah wulan, awitipun tanggal 25 Oktobêr 1875, sabên dintênipun wontên lindhu sakêdhap-sakêdhap, kacriyos kathahing griya kang sami rêbah watawis wontên 1000, sarehne tiyang ing ngriku mêntas sami kasangsaran, mila kula naming lèrèh aso watawis kalih jam, tumuntên kula anglajêngakên ing lampah kula dhatêng ing Crêbon [Crêbo...]

--- 87 ---

[...n] wanci jam 12 dalu kula dhatêng kitha ing Crêbon.

Kitha Crêbon punika kalêbêt kitha agêng, tuwan-tuwanipun Walandi kathah, makatên ugi Cina tuwin tiyang Arab, sawawratipun inggih kathah, wontên tokonipun Walandi agêng-agêng, griya bolahipun inggih agêng radinan ingkang kagriyanan dening para tuwan-tuwan Walandi katingal rêsik tuwin sae, tanêmanipun asêm ing sapinggiring margi sampun agêng-agêng angayomi ing radinan, anamung pacinan tuwin pagenan griyanipun tiyang Arab punika ingkang katingal rêsahipun, awit ingkang sapisan margènipun ciyut, kaping kalihipun kathah griya banon agêng-agêng ingkang kasêlanan dening griya payon atêp alit-alit, ingkang angrêsahi ing paningal, punapadene katingal yèn sadaya wau pangrimatipun kirang prayogi.

Griya Kabupatèn risak, mila Bupatinipun pinaringan dening parentah arta sewaning griya, mila griya kang dipun ênggèni griya sewan ing pungkasanipun pacinan kang wontên ing margi agêng.

--- 88 ---

Tiyang saking ing Kudus anglangkungi kathah sami gêgramen ing ngriku, mila bilih aningali tiyang gêgramen, sayêktos katingal rêja.

Griya Karesidhenan pagenanipun ing dhusun Tangkil, têbihipun saking kitha watawis 2 pal. Cêlaking Karesidhenan wau sawatawis kathah para tuwan-tuwan ingkang gêgriya ing ngriku.

Ing kitha Crêbon punika wontên panjênênganipun Kangjêng Sultan kêkalih, ingkang satunggil Kangjêng Sultan Sêpuh, satunggilipun Kangjêng Sultan Ênèm. Sami kagungan kadhaton piyambak-piyambak. Wondening dhaharipun kapanci blanja pananggalan dening parentah ingkang sawulan. Satunggilipun Sultan 1000 rupiyah, ananging kalih pisan botên kagungan panguwaos punapa-punapa utawi botên ngasta parentah, dados kalih pisan Sultan pradikan kemawon.

Awitipun ing ngajêng mila ing ngriku kantos wontên Sultanipun kêkalih punika, nalika Panjênênganipun Kangjêng Susuhunan Paku Buwana kaping 2 seda Laweyan taun Walandi 1743, tanah ing Crêbon sapangetan.§ Korte kronijk Reg. Almanak. [sapangeta...]

--- 89 ---

[...n.] Ing Crêbon wau kala punika sampun wontên Sultanipun kêkalih, awitipun ing ngriku wontên Sultan punika, nalika taun Walandi 1677 utawi Hijrah 1088, Kumpêni dhatêng ing Crêbon andamêl pranjangjiyan kalihan pangagêngipun ing ngriku ingkang kabawah kalihan Kangjêng Susuhunan Amangkurat kaping 1 ing ngriku wontên Pangeran pangagêngipun agami kang satunggal Pangeran Sêpuh, satunggalipun Pangeran Anèm, sami sadhèrèk anèm tuwin sêpuh, kala samantên Kumpêni saking taksih kirang sêrêpipun, mastani raja Crêbon. Sarêng para Pangeran wau kawastanan raja dening Kumpêni, lajêng sami angangge nama Sultan, nama wau inggih kalulusakên dening Kumpêni Sultan pangagêngipun agami salajêngipun, dumugi samangke dados Sultan pradikan, sarta kablanja dening Kumpêni satunggilipun Sultan 1000 rupiyah ing dalêm sawulanipun. Kantos sapunika inggih taksih lajêng makatên, ing samôngsa-môngsa Kangjêng sultan punika seda, inggih kagêntosan ingkang putra

--- 90 ---

lan tampi blanja pananggalan kados kang kapratelakakên ing ngajêng.

Wondening Kangjêng Sultan wau kalih pisan sami kagungan kadhaton piyambak-piyambak, wondene kadhatonipun inggih taksih kina sarta botên patos karimatan, mila katingal awon lan rêsah, awit sami botên sagêd andandosi ingkang mawi blanjanipun botên cêkap, amargi kangge angrayat putra santananipun ingkang anglangkungi kathah, mila kantos wontên para ratu sarta pangeran ingkang sami anêdha yatra dhatêng ing para priyantun, awit saking kakiranganipun.

Wondening tiyangipun ing ngriku, kula amastani têngahan, wontên Jawenipun, wontên Sundhanipun, ingkang makatên wau botên ngamungakên wicantênanipun kemawon, ananging sajak solah lan panganggènipun. Mila makatên, amargi ing ngriku punika nunggil watês kalihan tanah ing Prayangan.

--- 91 ---

VII. Cariyosipun ing Karesidhenan Têgal Pakalongan, Wangsul Dumugi ing Samarang

Ing waktu enjing kula mangkat saking Crêbon dhatêng ing Têgal, margènipun mêdal ing pasisir, têbihipun saking laut, watawis sapal utawi têbihipun kalih pal.

Ing margi kula tansah botên kuwawi panasipun, awit kaetang sakêdhik padhusunanipun, sadaya ngêmplak-êmplak kemawon, siti sabin utawi têgilan pasir pasisir, watawis pukul 11 lampah kula dhatêng ing kitha Brêbês, mila kula wastani kitha, awit wontên Bupati tuwin Asistèn Residhènipun, griya Asistèn Residhèn pagenanipun wontên ing sakilèning lèpèn agêng, dene Kabupatèn ing sawetaning lèpèn wau, wondening tata pacaking kitha inggih namung kados dhusun agêng kemawon, sarta wontên griyaning banon sawatawis, ing sangajêngipun Kabupatèn [Ka...]

--- 92 ---

[...bupatèn] wontên alun-alunipun. Aliya saking punika botên wontên sanèsipun ingkang anèh utawi kang kenging kacriyosakên awit saking angebat-ebati kang badhe andadosakên gumuning kathah, mila botên amêrlokakên lèrèh dangu ing ngriku, nanging lajêng anglajêngakên lampah kula dhatêng ing Têgal, ingkang namung kalih têngah pos têbihipun. Sarêng lampah ngajêngakên dumugi ing kitha Têgal, têtanêmanipun uwit asêm ing sapinggiring radinan sampun agêng-agêng angayomi dhatêng ingkang sami lumampah, botên dangu kula langkung ing sapinggiring alun-alun, lajêng dumugi ing Pacinan, tumuntên dhatêng ing loji griyanipun para tuwan-tuwan Karesidhenan.

Kitha ing Têgal punika kalêbêt sae sarta sawawratipun inggih agêng, papan bale griyanipun têtiyang ing ngriku katingal sae-sae, wondene kang katingal nyênêngakên sae tuwin rêsik, ing sangajêngipun griya Karesidhenan, awit ing ngriku papanipun jêmbar sarta kathah griyaning para tuwan-tuwan Walandi. Pacinanipun katingal sae sarta radinanipun kalêbêt wiyar, Kabupatèn [Kabupa...]

--- 93 ---

[...tèn] têbihipun saking Karesidhenan watawis wontên sapal têbihipun, griya Kabupatèn kalêbêt griya kina, mila sampun risak, sapunika badhe kadandosan malih, dene Bupatenipun samangke manggèn ing griya pamondhokaning tamu ing wêngkon Kabupatèn wau, mila sangêt rikuhipun kadamêl manggihi tamu utawi para priyantun kathah, inggih awit saking alitipun.

Watawis sakawan pal têbihipun saking kitha ing Têgal wontên astana ingkang kanamakakên Têgal Arum, inggih punika pasareanipun Kangjêng Sultan Matawis ingkang yasa kadhaton ing Plèrèt, putranipun Kangjêng Sultan Agung nalika wontên kraman Trunajaya Kangjêng Sultan wau kèngsêr saking kadhatonipun lajêng têdhak ing Toyamas, ing ngriku lajêng surut, sadèrèngipun seda amêling manawi seda layonipun kakarsakakên mêtak ing siti têgal ingkang ambêtipun arum, wasana Adipati Martalaya ing têgil kala punika, lajêng ngupadosi siti ingkang makatên, pangupadosipun wau manggih ugi têgil ingkang ambêtipun arum, inggih ingkang kadamêl [ka...]

--- 94 ---

[...damêl] astana punika wau. Wondene rupi tuwin wangun papanipun pasarean, saking paningal kula botên anganèh-anèhi namung limrah kalihan pasareanipun para agêng ing jaman kina kemawon.

Botên antawis lami anggèn kula wontên ing Têgal, kula lajêng mangkat dhatêng ing Pakalongan, margènipun urut ing pinggir pasisir, mila lautipun katingal cêlak kemawon saking radinan, watawis kalih dasa pal têbihipun saking ing Têgal, lampah kula dumugi ing Kabupatèn Pêmalang, sarehne ing Kabupatèn punika kithanipun alit kemawon prasasat kados dhusun agêng, bentênipun kalihan dhusun inggih awit mawi wontên griya Kabupatèn, ingkang sampun risak, dene Bupatinipun manggèn ing griya sanès, tuwin Asistèn Residhenan sami ngajêngakên alun-alun, punapadene wontên Pacinanipun ingkang sawatawis wontên griyanipun banon, namung punika katawisipun kitha, mila kula botên lèrèh dangu ing ngriku, awit kirang pêrlonipun, sarta adêdanguandêdangu. ing lampah, dados kula lajêng dhatêng ing Pakalongan. Dene margènipun [mar...]

--- 95 ---

[...gènipun] inggih taksih turut têpining samodra kemawon, kantos dumugi ing Pakalongan pisan.

Sarêng lampah kula dhatêng ing bawah Pakalongan, ing ngriku katawis yèn Karesidhenan punika sitènipun loh amargi katingal ing sadayanipun têtanêman, sami agêng-agêng tuwin sae-sae, botên antawis dangu lampah kula sampun dhatêng ing kitha Pakalongan, ing ngriku katingal rame sarta rêja, ingkang makatên wau awit saking kathahing tiyang gêgramen amargi wontên lèpènipun agêng ingkang mêdal dhatêng ing laut sarta lajêng ing palabuhan.

Têtanêmanipun asêm ing sapinggiring margi sampun sami agêng-agêng, angayomi dhatêng ing sadayaning têtiyang kang sami lumampah. Langkung malih ayom tuwin ayêmipun tiyang kang ningali ing ngajêngipun Karesidhenan, awit ing ngriku saèmpêr kados alun-alun, ingubêngan griya gêdhong-gêdhong, kados ta: kantor agêng, griya pamulangan Walandi, tuwin griya Walandi sawatawis, ingkang sisih lèpèn agêng ingkang kathah baitanipun tiyang gramen, dene pacinanipun inggih sae, kathah [ka...]

--- 96 ---

[...thah] para tuwan-tuwan ingkang manggèn gêgriya ing ngriku awit saking saening kitha sarta ingkang wangunipun anyênêngakên, griyanipun tiyang Jawi inggih sami sae-sae, griya Kabupatèn kirang prayogènipun, awit sampun lami, pantês yèn kadandosana malih, amargi anglingsêmakên ing parentah agêng, yèn Bupatenipun kalulusakên amanggèni griya ingkang makatên.

Kula pitaken dhatêng tiyang ing ngriku, ingkang dados sababipun Kabupatèn punika namanipun Pakalongan, môngka dipun kramèkakên Pangangsalan. Dene saking pamanggih kula mêndhêt purba saking têmbung: kalong, mila yèn saèstu mêndhêt purba saking têmbung punika, botên kenging dipun kramèkakên pangangsalan utawi botên kenging dipun kramèkakên pindhah, amargi punika têgêsipun pagenaning pêksi kalong, yèn ta mêndhêta saking purba: kalong, saking: kaêlong, dados têgêsipun: kacêngklong, môngka samangke anggènipun ngramèkakên: pangangsalan, dados mêndhêt saking purba angsal, mila dados rêtosing kramanipun amangsul kalihan têgêsing ngokonipun. [ngokonipu...]

--- 97 ---

[...n.] Saking angsulanipun ingkang kula pitakeni, lêrês saking cariyos kula wau, ananging nama Pakalongan wau, mêndhêt têmbungipun têtiyang mêndhêt ulam ing laut kang cêlak ing ngriku, ing sabên-sabên mêndhêt ulam pikantuk, anggènipun mastani: kalong, dados têgêsipun kalong wau: angsal, môngka kala kinanipun ing samôngsa-môngsa tiyang mêndhêt ulam ing sagantên cêlakipun kitha punika angsalipun ulam kathah, mila kanamakakên: Pakalongan utawi kramanipun: Pangangsalan, dados pagenanipun tiyang angsal ulam.

Ing wanci enjing kula anglajêngakên ing lampah kula, watawis sakawan pal têbihipun kula langkung ing Kabupatèn Batang, kithanipun alit kemawon mila kula botên mawi lèrèh ing ngriku, antawis kalih pos têbihipun, lampahipun kreta sangêt randhatipun, awit minggah mêdhun ing rêdi, sakêdhap-sakêdhap kageret dening maesa tuwin katrapan sêpatu, lêrês yèn tinimbang kalihan minggah mêdhunipun kreta ing Prayangan ing ngriku punika kalêbêt sangêt andhapipun, ananging

--- 98 ---

sarèhning sampun kalampahan makatên ing salamènipun, mila kapalipun rakitan sampun lanteh, yèn minggah sakêdhik botên katarik dening maesa, lajêng lampahipun lèrèh, makatên ugi bilih mêdhun, yèn botên katrapan sêpatu, kapal wau lajêng botên purun anglawani pindhah.

Wanci pukul 12 lampah kula dumugi Kabupatèn ing Kêndhal, ing ngriku kula lèrèh nêdha, dene kithanipun inggih alit kemawon, ananging nyênêngakên, awit sitènipun sae tuwin prayogi pangrimating kitha, ing ngriku wontên griya Kabuptenipun sae tuwin wontên Asistèn Residhènipun.

Sasampuning kula nêdha, kula lajêng mangkat, dhatêng kula ing Sêmarang wanci pukul 5 sontên.

Sadhatêng kula ing Sêmarang, kula botên lèrèh lami malih nanging lajêng mantuk dhatêng ing Salatiga awit sampun kalamèn anggèn kula kêkesahan.

--- 99 ---

Lampah ingkang kaping kalih

I. Mangkat saking Salatiga dhatêng ing Sêmarang Kantos Dumugi ing Surabaya

Sarèhning sampun kadangon anggèn kula wontên ing griya, mila amêrlokakên kula kêkesahan malih, mangkat kula saking griya wanci jam satêngah pitu enjing, watawis ngajêngakên pukul satêngah wolu kula dhatêng ing sêtasiyun utawi palèrèhanipun kareta latu ing Tuntang cêlak pinggiring lèpèn, ing ngriku kula angêntosi lampahipun kareta latu ingkang saking Êmbahrawa. Watawis langkung kidhikkêdhik (dan di tempat lain). saking jam satêngah wolu, kula amirêngakên gumrêbêg tuwin sumuwitipun sulinging kareta wau, botên antawis dangu karetanipun dhatêng lajêng lèrèh ing sangajêngipun sêtasiyun wau, kula tumuntên inggal anglêbêtakên barang panggangge kula sarta kula piyambak inggal tumuntên malêbêt ing kreta, botên dangu kreta lajêng lumampah,

--- 100 ---

sayêktos agumunakên lampahing kreta punika, awit ing Tuntang punika inggilipun watawis 1400 kaki, dados lampahipun kreta mudhun kemawon, sarehne rodhanipun kreta wau tumapak ing klacen tosan, dados botên sagêd minggah kang sawatawis ngadêg mayadipun utawi cêrung mêdhunipun, mila marginipun punika manawi langkung ing jurang dipun urug jurangipun, bilih minggah ing gigiring rêdi, dipun tugêl rêdenipun, inggih namung amrih waradinipun kemawon, margining kreta latu wau kathah katugêl dening lêlurunging tiyang lumampah tuwin margi kreta, ananging margi ingkang sami nugêl wau wontên kang dhawah ing sangandhaping radinan sarta wontên kang langkung ing sanginggil margining kreta latu, mila sangêt anèh lan agumunakên saking saening margi wau, langkung malih prayogènipun dening lampahipun margi wau botên kêncêng nanging lenggak-lenggok, mila makatên ingkang sapisan andhèrèkakên milih ereng-erengipun ardi amrih waradinipun, ingkang kaping kalih amrih sampun kantos lampahipun kreta kadrojogên. Langkung malih menggokipun margi, [mar...]

--- 101 ---

[...gi,] cêlakipun sêtasiyun ing Bringin, sayêktos bilih tiyang dèrèng nate numpak kareta latu ing margi parêden, prayogi amêrlokakên ningali numpak kreta latu ingkang saking Kêdhungjati dhatêng ing Êmbahrawa punika, amargi anglangkungi sae sarta anyênêngakên ing manah.

Watawis ngajêngakên satêngah sadasa, lampahipun kreta wau sampun dumugi ing Kêdhungjati, ing ngriku kula lèrèh watawis satêngah jam, awit angêntosi dhatêngipun kreta latu ingkang saking Surakarta, sarêng kreta ingkang saking Surakarta sampun dhatêng, kula lajêng dhèrèk anumpak kreta ingkang saking Surakarta wau dhatêng ing Sêmarang, wanci jam satêngah 12 kula sampun dhatêng ing Sêmarang.

Sasampuning kula lèrèh ing Sêmarang kalih dintên lamine, ing wanci sontên kula mangkat saking Sêmarang numpak baita kapal latu nama Mêkasar, kesah dhumatêng ing Surabaya pêndhak sontênipun, lampahing baita dumugi ing laut Kabupatèn Sêdayu sangajêngipun supitan Madura, inggih punika antawisipun pulo Jawi

--- 102 ---

tuwin Madura, sarèhning sampun dalu môngka supitan ingkang badhe kalampahan baita wau sangêt ciyutipun, anguwatosi saupami kalampahan dening baita kapal, mila baita punika lajêng angêdhunakên jangkaripun, lèrèh ing ngriku sadalu, enjingipun wanci jam 6 kalampahakên malih, dhatêngipun ing Grêsik plabuhan Surabaya tuwin griya-griya gudhanging parentah pagenan prabot sarta dandosi baita kang sami wontên ing pasisir, sami katingal sadaya. Watawis pukul 8 enjing punika ugi lampahipun baita wau sampun dumugi ing sangajêngipun Lèpèn Mas, lajêng angêdhunakên jangkaripun labuh ing ngriku. Yêktosipun ing satanah Jawi botên wontên kang nyameni palabuhaning Surabaya saenipun, awit kados dening rawi kemawon, amargi kaapit-apit dening tanah Jawi lan Madura, mila botên wontên ombak utawi anginipun kang agêng, andadosakên gampiling têtiyang kang minggah mêdhun ing baita kapal abêktaambêkta. gêgramenipun. Kalihan malih gampil kadamêl andandosi baita risak, awit botên [bo...]

--- 103 ---

[...tên] wontên ombakipun wau.

II. Cariyosipun ing Surabaya

Sarêng baita sampun labuh kula lajêng mudhun numpak baita tambangan alit dhumatêng ing kitha Surabaya, sarêng lampahipun baita sampun malêbêt ing Lèpèn Mas, sarèhning lampahipun toya lèpèn santêr, dados baita tambangan wau dipun sukani tangsul dumugi ing dharat, lajêng kacêmêt utawi katarik dening satunggiling pambêlahipun baita wau dumugi ing kitha, dene têbihipun pasisir dumugining kitha, watawis langkung sapal.

Ing lèpèn wau, botên wontên bênggangipun baita gramen kados ta: baita Tup, Cunia, Brukutan, Mayang, Sêkonyar sapanunggilipun, dene têtiyang lumampah ing pinggir lèpèn anglangkungi kathahipun, prasasat kados ing pêkên agêng, sayêktos ing Bêtawi sarta ing Sêmarang botên kados punika ramenipun.

Ing pinggiripun Lèpèn Mas ingkang sisih wetan, wontên bètèngipun sawatawis agêng.

--- 104 ---

Kitha ing Surabaya punika panjang urut lèpèn mas, ing salêbêting kitha botên angamungakên kantor Karesidhenan utawi sanèsing kantor dagang lan toko-toko kemawon, nanging kathah para tuwan-tuwan kang manggèn gêgriya ing ngriku, kados dening kitha ing Sêmarang, ananging wangunipun kitha sarta trapipun para tuwan-tuwan kang sami gêgriya, nyênêngakên ing Surabaya tinimbang kalihan ing Sêmarang, awit kathah têtanêmanipun kang angayomi ing margi tuwin ing wêngkonipun griya-griya.

Kantor Karesidhenan kalêbêt agêng, awit kêmpal kalihan kantor pangadilan justisi, pagenanipun ugi ing pinggir lèpèn, angajêngakên kartêk agêng margi kang dhatêng ing Pacinan.

Griya Kabupatèn pagenanipun ugi wontên ing kitha ingkang pinggir kidul, sangêt wadhehipun, botên ngatawisi yèn griya Kabupatèn, awit wangunipun kados griya Walandi, kiwa têngên lajêng wontên radinanipun agêng, dados kaetang dipun ubêngi margi, alun-alunipun wontên ing sisih têngên ananging kalêtan margi, ingkang sisih kiwa lêt radinan griya bolah agêng, griya bale [ba...]

--- 105 ---

[...le] mangu utawi pasowananipun para priyantun wontên ing alun-alun, kathahipun kêkalih, mila tiyang ingkang nêmbe sumêrêp, botên angintên yèn punika bale mangu utawi griya pasowan.

Masjidipun inggih wontên pinggiring alun-alun, ing ngajênging masjid wontên manaranipun kêkalih, watawis inggilipun wontên 50 kaki, manara kêkalih wau yèn katingalan saking katêbihan, kados manara Cina, awit pojokipun nênêm, prasasat kados bundêr.

Kacriyos masjid sarta manara wau damêlanipun tuwan Insinyur Walandi, mila wangunipun camboran. Botên wangun Jawi ingkang limrah kangge ing tanah Jawi.

Pacinanipun sae, agêng sarta margining wiyar-wiyar lan botên katingal rêsah kados Pacinan ing Sêmarang tuwin ing Bêtawi.

Ing cêlakipun bètèng agêng kaprênah wetan, griyanipun para upsir kang gadhah cêcêpêngan ing bètèng wau abêbanjêngan, sami angajêngakên patamanan sarta margi agêng kang kayoman dening uwit-uwitan kang angroyom ayom abêbingah dhumatêng kang lumampah.

--- 106 ---

Ing Surabaya punika wontên griya pabrik pandheyan agêng têtiga, katêmbungan Walandi Konsêtruksi Wingkêl, ingkang kalih kagunganipun parentah, kang satunggil gadhahaning Walandi partikêlir. Dening kagunganing Gupêrmèn wau kang satunggil pagenanipun dandosi baita tuwin praboting baita sarta bêkakas asêp kang kadamêl anglampahakên baita latu kagunganipun parentah, satunggilipun pagenan adamêl pirantosing pêrang, kados ta: mriyêm sarta sanjata tuwin mimisipun. Wondening pabrik pandheyan partikêlir wau ingkang kathah adamêl pirantosipun asêp kang kangge ing pabrik-pabrik gêndhis, kajawining punika inggih dêdamêlan sadaya wêwêlingan bab tosan.

Kula amêrlokakên ningali ing pabrik pandheyan wau, sarèhning katêmbèn anggèn kula sumêrêp ing pabrik ingkang makatên, mila sangêt gumun kula dene sadayaning pirantos kalampahakên dening bêkakas asêp. Satunggil-tunggiling tiyang kang sami nyambut damêl ing ngriku sami angajêngakên bangku satunggal-satunggal, kados [ka...]

--- 107 ---

[...dos] ta: bangku pamasahan katênggan tiyang satunggil, damêlipun namung ngajêngakên tuwin ngundurakên tosan kemawon, awit pasahipun lumampah piyambak, ing dalêm satêngah jam sagêd amasah tosan, blabagan satunggil kang wiyaripun kalih panjangipun tigang kaki. Bangku pagenan adamêl ulir, punika warni-warni agêng alitipun ulir, botên ngamungakên uliripun kemawon, nanging èstrènipun pindhah kadamêl ing ngriku kang anyamlêng kalêbêtan uliripun. Wontên bangku malih pagenan anyomplongi tosan, dene tosanipun kang dipun complongi wau kandêlipun kantos wontên ingkang sadim. Dene nyomplongipun botên rêkaos, namung kados ambolongi dlancang kemawon. Inggih makatên sapiturutipun, punapa sadaya piratos tosan ingkang kaèngêtan dening tiyang, sayêktos wontên ing ngriku sadaya. Aliya saking punika wontên malih kang kula gumunakên, ingkang awarni palu tosan, inggilipun saelo kandêlipun satêngah elo Nèdêrlan, ugi kaebahakên dening asêp, kenging kadamêl [ka...]

--- 108 ---

[...damêl] amalu tosan agêng tuwin alit, saupami kadamêl malu tosan ingkang agêng, anggènipun dhawahakên sangêt, yèn kapalokakên ing paku, kadhawahakên anggang-anggang kemawon. Kula ningali kêthokan balok kajêng jati kang kandêlipun sakaki, panjangipun kalih têngah kaki, kula purih amalu sakuwatipun, awit kula badhe sumêrêp kadospundi kadadosanipun, Walandi ingkang kula purih wau inggih andhèrèki saking pikajêngan kula, lajêng kapalu kajêngipun rêmêk sumpyur dados sadriji-driji, dene kang botên malêsat, ajur gepeng amor kalihan landhêsanipun.

Pabrik pandheyan kang kawastanan tiyang ing Surabaya Wingkêl, kagunganing parentah pagenan dandosi baita kapal, bakakasipun sadaya sami ugi kemawon, nanging palunipun agêng kang wontên ing Wingkêl utawi pandheyanipun Gupêrmèn, kang kacobi kapalokakên ing kajêng kang kasêbut ing ngajêng wau. Wingkêl têtiga pisan, wontên pangothokanipun tosan, wondening tosan kang kakothok wau kacithak [ka...]

--- 109 ---

[...cithak] kadamêl gilingan pamipitan tosan ing pabrik gêndhis, pirantos kang kangge ing asêp kang agêng-agêng tuwin sanèsipun, dene ing Wingkêl pagenanipun damêl pirantosing pêrang, punika kula ningali panyithakipun mimis mariyêm tosan kang agêngipun sakrambil-krambil. Dene warnining tosan kang sampun luluh, kados dening urubipun diyan kang pêthak asêmu ijêm. Pangothokipun tosan punika awrat 1000 kati babar pisan sagêd luluh ing dalêm 4 jam dangonipun, pangothokanipun waja, rupènipun kados bumbung, inggilipun watawis wontên 8 kaki, wiyar 3 kaki, kang nginggil mênga kemawon, dhasaripun kang ngandhap trancangan, bolongipun sadriji-driji, dene ing ngandhapipun punika kasukanan wadhah waja agêng, wondening tosan kang kalêbur punika dipun lêbêtakên ing bumbung waja wau dipun uwor kalihan manahing arêng sela,§ Manahing arêng sela punika arêng sela kang sampun kaobong, kantun têngahipun kemawon kang anglangkungi aosipun, mila yèn kaobong botên mêdal kukusipun, punika latonipun anglangkungi saking panas. tumuntên kaobong, ing ngiringaning bumbung

--- 110 ---

pangothokan wau kasukanan bolong-bolongan margining lêbêtipun angin ububan kang kaangge ngububi inggih ugi pirantos asêp, mila anginipun anglangkungi sangêt. Bilih tosanipun sampun luluh, lajêng tetes dhawahing tadhahipun wau piyambak, yèn tosan punika sampun luluh sarta dhawah ing tadhahan wau sadaya, tumuntên kailing dhatêng ing wadhah waja sanèsipun kang gumandhul ing kajêng balok ing nginggil sarta mawi wontên galindhinganipun, tumuntên kagered dening tiyang kêkalih, sarèhning tosan kang luluh 1000 kati punika gumandhul ing glindhingan, mila kenging kasered dening tiyang kêkalih, lampahipun wau bilih dhatêng ing sanginggiling cithakanipun mimis mariyêm, tosan kang luluh punika lajêng kailing kalêbêtakên ing cithakan wau, antawis kalih dintên lamènipun, cithakan punika kabikak, mimisipun lajêng kapêndhêt, tumuntên dipun êlus sarana kinikir.

Wondèntên padamêlipun mimis timah kang kangge ing sanjata, cithakanipun naming satunggil, ing sadintênipun sagêd damêl mimis tigang lêksa. Dene timah kang badhe kadamêl [ka...]

--- 111 ---

[...damêl] mimis wau, sampun dados giligan agêngipun samimis, panjangipun kalih kaki, tumuntên kalêbêtakên ing cêpetan kang lumampah kados dening tiyang ngêcap, amêtêl mangandhap lajêng anyêpet dhatêng ing giligan timah wau, lampahipun cêpetan punika anglangkungi rikatipun, awit kalampahakên dening pirantos asêp. Sangandhapipun cêpetan wontên tadhahipun tosan agêng isi toya, yèn timah gilig wau kacêpet, kang kenging ing cêpetan lajêng sampun dados mimis sarta dhawah ing toya kang wontên ing tadhahan punika wau, dene mimisipun mawi ngangge ciri aksara Walandi W (we) kang ing nginggilipun wontên makuthaning kangjêng raja, mila aksara wau mawi katrapan makutha, awit punika purwaning aksara asmanipun Kangjêng Raja ing Nèdêrlan. Kathahing cêpet mimis sanjata ingkang makatên punika kêkalih, satunggil-tunggilipun cêpetan sagêd nyêpet mimis 15000 ing dalêm sadintên. Pirantosing pabrik pandheyan utawi Wingkêl wau, naming ingkang pêrlu-pêrlu kemawon, sanèsipun kang kirang pêrluning botên kula pratelakakên ing sêrat punika, [pu...]

--- 112 ---

[...nika,] awit saupami kula pratelakakên sadaya badhe kapanjangên, ingkang badhe ambosênakên dhatêng ingkang angungêlakên.

Griya Karesidhenan têbihipun saking kitha watawis wontên 2 pal, namanipun pagenan Karesidhenan wau ing Simpang. Griya Karesidhenan wau agêng ananging wangunipun kirang prayogi, ingkang makatên punika bilih katimbang kalihan Karesidhenan ing Sêmarang. Botên têbih saking Karesidhenan punika wontên griya sakit militer ingkang anglangkungi sae sarta agêngipun. Ing simpang punika kaetang cêlak saking Karesidhenan, wontên tamananipun sari wiyar sarta kapranata sae, margènipun ing salêbêting taman wiyar-wiyar lan kathah, ing têngahipun wontên griya kados dening pandhapi pagenaning palerehanipun têtiyang ingkang lêlangên ing ngriku, dene bilih pinuju ing dintên Akhad sontên, pandhapi wau kaangge pagenanipun angungêlakên musikan, ing salêbêting patamanan wau wontên umbulipun kang toyaning mancurat watawis wontên 15 kaki, umbulipun toya samantên wau [wa...]

--- 113 ---

[...u] damêlan kemawon, awit sagêdipun makatên wau punika angangge pirantos. Wondening para tuwan-tuwan ingkang sami kenging malêbêt ing ngriku namung kang sami bayar sabên wulan artanipun kangge ngrimati ing taman wau.

Margi agêng ing Simpang punika saèmpêr kados ing Bojong Sêmarang kang kapratelakakên ing ngajêng, ananging taksih sae margi ing Bojong, awit ing Simpang punika kirang kêncêngipun, lan griyanipun para tuwan-tuwan kathah kalêtan griya Jawi, dening tanêmanipun ing sapinggiring margi sadaya kajêng asêm agêng-agêng kang angayomi têtiyang kang lumampah.

Ing antawisipun kitha kalihan Simpang wontên griya bolahipun agêng, nanging kang sami dhatêng ing griya kuna mung para tuwan kang sugih-sugih kemawon kang sami gêgriya ing cêlakipun kamar bolah punika. Margi ingkang dhatêng ing griya bolah wau, inggih punika radinan agêng ingkang dhumatêng ing Pasuruan salajêngipun sapangetan.

Ing wanci enjing kula kaajak dening mitra kula Litnan Laut, kesah dhatêng ing palabuhan. Sadhatêng kula

--- 114 ---

ing pasisir aningali gudhang-gudhang Gupêrmèn pagenanipun bêkakas kang kangge ing baita kapal pêrang, kados ta tangsul warni-warni agêng alit, kajêng sadhiyan tiyangipun baita kapal, motha warni-warni kasar tuwin alus kang badhe kangge layar, aliya punika bêkakas kang pancèn kangge ing baita sadaya sami wontên.

Sasampuning kula aningali ing ngriku, kula lajêng ningali ing dhok, kang kawastanan dhok punika rupènipun kados dening kothak ringgit botên mawi tutup, dipun kambangakên ing pinggiring laut. Pagenanipun botên têbih saking gudhang-gudhang wau, wiyaripun kothak wau watawis 50 panjangipun 200 kaki, dhasaripun ingkang ngandhap rangkêp, antawisipun dhasar kêkalih wau kaisenan sela amrih awratipun kiwa têngên sarta panyêndhak ingkang wingking ugi sami karangkêp, wondening panyêndhak ingkang ngajêng kenging kabikak kados kori, kenging kabikak tuwin kainêb, sanadyan dhok punika kêmambang ing toya, botên sagêd kèli, awit katrapan jangkar. Dhok punika pirantosipun dandosi baita kapal ingkang risak, kados [ka...]

--- 115 ---

[...dos] ta bocor utawi sanèsipun kang pagenanipun ing ngandhap kang pancèn kêlêm. Baita wau dipun lêbêtakên ing ngriku, wondening pratikêlipun anggèning nglêbêtakên ing ngriku, korenipun dhok punika kabikak. Sarèhning dhasaripun kaisenan sela mila dados awrat, mênganipun kori toya malêbêt botên antawis dangu lajêng kêlêm, namung pinggiripun kemawon ingkang botên kêlêm. Tumuntên baita ingkang badhe kadandosan kageret sarana bêkakas asêp dipun bêbêdakên ing ngriku, bilih sampun kalêbêt korinipun lajêng dipun inêb, baitanipun kajagangan amrih sampun kantos sagêd ebah, tumuntên toya kang wontên ing salêbêting dhok wau kapumpa dipun bucal ing laut lampahipun pompa ugi sarana bêkakas asêp kang tumrap ing pinggir utawi ing lambenipun dhok. Bilih toyanipun sampun têlas, baita wau lajêng katingal sapangandhap, yèn sampun makatên tumuntên kadandosan ing pundi pagenan ingkang sami risak utawi ingkang rêsah sami dipun rêsiki.

--- 116 ---

Nalika kula ningali punika, kalêrês wontên baita kapal pêrang asêp kagunganing Gupêrmèn ing ngriku, ing nalika kula ningali dhatêng ing sanginggiling lambenipun dhok wau, ningali agêngipun baita kantos singunên, malah cobi kula botên inggal acêpêngan, sayêktos badhe lajêng dhawah awit kêdah sumaput panon kula, ingkang makatên wau amargi taksih katêmbèn aningali baita ingkang samantên agêngipun kang katingal dumugi ing dhasaripun kang ngandhap pindhah, mila pangraosing manah kula mindhak malih agêngipun baita punika.

Dhok kang kula cariyosakên ing nginggil wau, kagunganipun parentah, sadhiyanipun dandosi baita kapal pêrang kang sami risak, saupami botên wontên baita Gupêrmèn kang kadandosan ing ngriku, baita kapal grami utawi partikêlir kenging kadandosan ing ngriku, ananging mawi bayar sewaning dhok ing sadintên-dintênipun sadanguning baita wau wontên ing lêbêt ngriku.

Saking kathahipun para upsir laut tuwin pangandhapanipun kang gêgriya ing pasisir awit pandamêlanipun sami [sa...]

--- 117 ---

[...mi] wontên ing ngriku, mila ing ngriku punika kados kitha piyambak, malah wontên griya bolahipun piyambak, awit têbihipun saking kitha watawis wontên kalih têngah pal.

Ing sajawining kitha margi kang dhatêng Simpang wontên alun-alunipun Kabupatèn kina kang anglangkungi wiyaripun, ananging sapunika sampun botên kangge, dene kanggenipun samangke namung kadhang kawis kemawon bilih gladhi baris sarta prajurit Kumpêni utawi soldhadhu, kawastanan alun-alun kasêpuhan, mila kasêbut nama makatên, awit kala rumiyin ing Surabaya wontên Bupatinipun kêkalih sami sadhèrèk, Kabupatèn sarta alun-alun pagenanipun ingkang sêpuh kawastanan kasêpuhan, kang dipun anggèni ingkang ênèm kawastanan kaneman. Sarehipun bagiyan Kabupatèn satunggil Lurahipun kêkalih, dados botên sagêd tumindak sae, sanadyan samiya sadhèrèk kang sami dados Bupati ing ngriku punika, yêktosipun botên sagêd mathuk, sarta sami mêmêngsahan, mila satilaripun Bupati kang sêpuh lajêng botên kagêntosan malih, dene [de...]

--- 118 ---

[...ne] anakipun Bupati kang sêpuh wau kadadosakên Bupati ing Grêsik, anakipun kang panggulu katanêm dados Bupati ing Japan, kang samangke kanamakakên Mojokarta, wondening Bupati kaneman wau turunipun taksih dados Bupati ing ngriku, kantos watawis wontên 12 taun punika lamènipun turunipun kalerehan anggèning dados Bupati, lajêng kagêntosan turunipun Bupati kasêpuhan. Dene kang dipun anggèni samangke Kabupatèn kaneman. Awit griya Kabupatèn kasêpuhan sampun ical botên wontên wujudipun.

Sampunipun kula aningali kitha ing Surabaya kados kang kapratelakakên ing ngajêng wau, kula lajêng mangkat saking ngriku numpak kreta sewan. Watawis wontên 6 pal têbihipun saking Surabaya wontên krêtêg anglangkungi agêngipun, namanipun Wanakrama, ingkang dipun krêtêgi wau lèpèn Mas ingkang nginggil, dene panjangipun watawis wontên 200 kaki, palang kiwa têngênipun krêtêg dipun cèt pêthak, mila andadosakên gumun kula ningali agêngipun tuwin saening krêtêg wau, awit [a...]

--- 119 ---

[...wit] taksih anêmbe punika kula ningali krêtêg agêngipun samantên. Dhatêng kula ing ngriku sadanguning kula anêningali, kula wicantênan kalihan têtiyang kang kalêrês sami wontên ing krêtêg wau, botên dangu kula dipun cariyosi yèn botên antawis têbih saking lèpèn punika, wontên pasantren agêng kathah têtiyang kang sami ngaos, dene namaning pagenan Sidasrêma, sarehipun ing tanah Jawi têngahan utawi sacêlaking griya kula botên wontên pasantren agêng, mila kula amêrlokakên kesah dhatêng ing ngriku, tiyang kang pratela kalihan kula bab kawontênaning pasantren wau, kula purih angêtêrakên ing lampah kula, sarèhning kula dèrèng sumêrêp warni lan pratikêlipun ing pasantren punika, tiyang wau inggih sagah andhèrèkakên ing lampah kula, rehne piyambakipun badhe dhèrèk ing lampah kula, dados lajêng kula êjak numpak kreta kalihan kula, ananging piyambakipun botên purun, awit botên têbih saking krêtêg wau wontên margining alit kang dhatêng ing Sidasrêma, ing ngriku botên kenging kalampahan kreta, mila kula lajêng

--- 120 ---

kaêjak lumampah kemawon. Botên antawis dangu kula sampun dhatêng ing Sidasrêma, dene têbihipun saking mêrgi agêng watawis sapal. Sadhatêng kula ing ngriku kula lajêng dipun ajak pinanggih kalihan gurunipun kang wontên ing pasantren punika, anama Kyai Cober, sarêng kula sampun dipun tandukakên dhatêng tiyang kang ngêtêrakên ing lampah kula punika, Kyai wau sangêt bingahipun, dene kula amêrlokakên dhatêng ing pagenanipun. Kula lajêng pratela, pêrlonipun anggèn kula dhatêng ing ngriku wau, namung badhe têtêpangan kalihan piyambakipun sarta sumêdya sumêrêp pasantren punika. Saking bingahipun Kiyai punika kula dhatêngi, kantos kula kaandhêg kapurih lèrèh sipêng sawatawis dintên, ananging kula botên purun. Sarèhning sangêt pangandhêgipun, dados kula inggih andhèrèki ing dintên punika kula lèrèh nêdha ing griyanipun. Sadèrèngipun kula nêdha, kadêdahakên ing pasantren punika sadaya, kathahing griya pondhokanipun santri 50, dene kathahing santrinipun namung 150 awit kalêrês ing môngsa panen, [pane...]

--- 121 ---

[...n,] dados kathah kang sami kesah dêrêp. Saking criyosipun Kiyai punika, bilih para santri pêpak sadaya kathahipun kantos wontên 400. Dene kang dipun wulangakên dhatêng para santri wau kaetang namung kitab kemawon. Kados ta sitin, nahwu sapanunggilanipun, para santri wau botên ngamingakên têtiyang saking sacêlaking ngriku utawi saking Karesidhenan Surabaya kemawon, nanging ingkang kathah têtiyang saking mônca nagari, malah kantos wontên lare ingkang saking Crêbon, Sêmarang sapanunggilanipun, mèh sabên Karesidhenan wontên larenipun ngaos ing ngriku.

Sasampunipun kula nêdha kula lajêng amêrlokakên jiyarah ing astananipun Kiyai agêng lêluhuripun para guru ing ngriku, kang nama Kiyai Jaet. Sarêng kula sampun jiyarah ing astana punika, kula lajêng pamit mangkat anglajêngakên ing lampah kula, dene lampah kula dumugi ing margi agêng kasambutan kapal tumpakan amrih enggal sarta gampilipun.

Sadhatêng kula ing margi agêng, lajêng numpak kreta malih anglajêngakên lampah kula, watawis 10 pal têbihipun, [tê...]

--- 122 ---

[...bihipun,] kula dhatêng ing Kabupatèn Sidaharja, sarèhning ing ngriku sitènipun prayogi, mila têtanêman kitri taun sadaya sami katingal sae, papan pemahaning têtiyang alit racak prayogènipun, mila kithanipun katingal rêja, sawawrat Pacinanipun inggih agêng lan griyaning Cina ugi sae-sae, dene griya Kabupatèn tuwin Asistèn Residhenan botên wontên ingkang anèh, aliya saking kang sampun kapratelakakên ing ngajêng botên wontên kang pêrlu kula tingali sarta kula criyosakên, mila kula botên lèrèh dangu ing ngriku, nanging lajêng dhatêng Pasuruan kemawon. Sarêng lampah kula watawis dumugi 5 pal têbihipun saking Sidaharja, dhatêng ing lèpèn Porong, sêmpalanipun bênawi Kêdhiri ingkang sisih, sisihipun dhawah ing Surabaya kang kanamakakên lèpèn Mas kasêbut ing ngajêng, lèpèn Porong punika sangêt wiyaripun tanggulipun kalêbêt inggil. Lèpèn wau watêsipun Karesidhenan Surabaya kalihan Pasuruan.

--- 123 ---

III. Cariyosipun Karesidhenan Pasuruan

Sarêng lampah kula kirang 10 pal têbihipun saking Pasuruan, kula dhatêng kitha ing Bangil, ing ngriku kula lèrèh sakêdhap kapêrlon anêningali ing kitha wau, kawontênaning ngriku sanadyan alit adamêl sêngsêming kang ningali, awit saking ramenipun, amargi wontên pêkêning kang agêng, dados kathah têtiyang kang lumampah, papan pemahanipun tiyang alit sami sae-sae, pacinanipun urut margi agêng rêsik lan sae pranatanipun, mila katingal sangêt rêjanipun. Tiyang èstri kang sami lumampah saking paningal kula kathah kang sae-sae, bentên tinimbang kalihan sanèsing pagenan. Botên antawis dangu kula anglajêngakên lampah kula, watawis sajam dangonipun kula dhatêng ing Pasuruan.

Têbihipun Pasuruan kalihan Surabaya 42 pal. Têtiyang kang lumampah ing margi punika, yêktosipun [yêkto...]

--- 124 ---

[...sipun] sênêng, awit kang sapisan saking sae sarta jêmbaring margi ingkang kayoman dening uwit asêm kang sampun sami agêng-agêng, kang kaping kalih rame saking kathahing têtiyang lumampah lan kathahipun kreta sarta grobag kang sami langkung ing ngriku, amargi saking kathahing pabrik-pabrik gêndhis ing kanan keringipun lurung agêng, dene kang kaping tiga, saking kathah saha saening dhêdhusun ing kiwa têngênipun margi punapadene saking lohing siti katawis subur tuwin warni-warnining têtanêmanipun tiyang alit, mila adamêl trusthaning kang lêlampah, awit saking kathahing têtiyang kang lumampah, dados sauruting margi kathah warungipun pagenaning têtiyang sêsadeyan.

Kitha Pasuruan punika, botên ta yèn agênga, nanging sangêt saenipun, kathah para tuwan-tuwan kang sami gêgriya ing ngriku, mila kantos wontên griyanipun bolah ingkang agêng sarta sae, jobinipun sela marmêr pêthak, punapadene wontên toko-toko Walandi ingkang sae-sae, mila wontên pangêcapan sêrat kabar utawi koran Walandi. Saking kathahipun para tuwan-tuwan saking Surabaya tuwin baita kapal kang sami

--- 125 ---

dhatêng ing ngriku, mila kantos wontên lusmenipun ingkang sawatawis agêng. dene papan lan griyanipun têtiyang Jawi, inggih sami sae-sae, makatên ugi margi-margi ing salêbêting kitha botên wontên kang kuciwa.

Kitha Pasuruan wau, yèn tinimbang kalihan kala rumiyin, samangke punika sawatawis suda saenipun sarta kirang beraging para tuwan-tuwan Walandi, mila kula sagêd mastani makatên, awit kala ing rumiyin, ing ngriku angangge diyan gas kados ing Bêtawi, bilih kalanipun pêtêngan, ing margi-margi sadaya padhangipun prasasat rintên. Ing salêbêting griya-griya ugi sami ngangge diyan gas wau, ananging samangke sampun botên wontên pabrikipun pagenaning gas malih, mila makatên awit kirang waragatipun, dados botên anyêkapi kangge anglêstantunakên ngangge gas. Mila kantos makatên, awit ing mangke para tuwan-tuwan kang sami gadhah pabrik gêndhis sami manggèn gêgriya ing nagari Walandi, dados pabrikipun sami kacêpêngan dhatêng Walandi sanèsipun kang kablanja wulanan dening ingkang gadhah pabrik wau, mila sami botên sagêd ngangge arta pabrik [pabri...]

--- 126 ---

[...k] kangge mragadi ing rêrêngganipun kitha kados nalika pabrikipun kacêpêngan dening kang gadhah piyambak.

Bupati ing Pasuruan manggèn ing griya sewan, dene kang anyewakakên griya wau Gupêrmèn, awit griya Kabupatèn sampun risak sangêt, mila karsanipun parentah badhe kadamêlakên griya inggal.

Griya Karesidhenan têbihipun saking kitha watawis satêngah pal, dene rupenipun griya botên anganèh-anèhi, kaetang limrah kemawon.

Antawis wontên sapal têbihipun saking kitha wontên griya agêng sarta sae, kala rumiyin gadhahanipun Tuwan Hoflan, nalika piyambakipun taksih wontên ing Pasuruan griya wau dipun ênggèni, dene sakesahipun saking ngriku dhumatêng ing tanah Pamanukan Karesidhenan Krawang, lajêng griya wau kaaturakên ing parentah kenginga kangge griya sakitipun tiyang Jawi.

Ing wanci enjing kula kesah ningali ing tlaga Grati, tiyang ngriku amastani ranu Grati, têbihipun saking kitha watawis 12 pal, talaga wau watawis panjangipun wontên satêngah dene wiyaripun saprapat [saprapa...]

--- 127 ---

[...t] pal, angubêngi gumuk-gumuk awit pagenanipun wontên ing sukuning rêdi, lêbêtipun tlaga punika kacriyos ingkang têngah 60 dhêpa, ing ngriku kathah bajulipun. Nalika kula ningali punika, talaga wau kasukanan kambangan, botên antawis dangu lajêng wontên bajul kêkalih kang sami ngambang ambujêng rêrêbatan nêdha kambangan punika. Ing ilèn-ilèn wêdalipun toya saking talaga wau dhatêng lèpèn, kathah têtiyang agadhah kambangan sami kaêngèn ing ngriku, supados anêdhaa ugêt-ugêt abrit kang mêdal saking talaga, kèli ing ilèn-ilèn wau, sami katêdha dening kambangan punika. Kambangan sami nêdhani ugêt-ugêt wau, tiganipun yèn dipun asin utawi dipun kamal, anglangkungi ecanipun, kantos koluk ing ngamônca, kawastanan tigan Grati, mila kathah tigan saking ngriku kang kasade ing sanèsing pagenan.

Saking griya kula lajêng kesah dhatêng ing umbul kang nama Toyabiru, botên têbih saking Grati, umbul wau padusanipun para tuwan-tuwan Walandi utawi para agêng Jawi, tiyang alit inggih ugi dhèrèk adus ing

--- 128 ---

ngriku, ananging manawi pinuju botên wontên para tuwan-tuwan utawi para priyantun kang adus. Wiyaripun padusan wau watawis wontên 50, panjangipun 60 kaki, pinggiripun kang sisih kidul lêbêtipun 3, kang sisih lèr pagenaning sumbêr watawis 15 kaki, mila kawastanan Toyabiru, awit pagenan toya kang lêbêt, saking bêningipun toya dados katingal biru, pinggiripun padusan ingkang sisih kidul, wontên griyanipun gêdhong payon kêntheng mujur mangilèn, panjangipun sami sapanjanging padusan punika, griya wau wontên kamaripun nênêm, dados tiga sisih, dene kang têngah margining tiyang kang malêbêt badhe adus, kamar samantên punika pagenaning têtiyang cucul tuwin dandos, sawingkingipun griya wontên pandhapenipun pagenaning têtiyang lêlênggahan, gêdhong sarta padusan punika kayoman dening kêkajêngan kina agêng-agêng, ing ngriku kathah kêthekipun agêng lan alit. Wontên kêthek satunggal kasêbut ratuning kêthek kathah wau, punika anglangkungi agêngipun. Ing samôngsa-môngsa wontên tiyang dhatêng ing ngriku anyukani têdha kêthek kathah punika,

--- 129 ---

mila lajêng sami dhatêng sadaya, dene yèn dhatêng, ratonipun kang lumampah wontên ing ngajêng, manawi kadangon anggèning nyukakakên têdhanipun, lajêng sami karêbat, mila tiyang ingkang dèrèng nate sumêrêp, sayêktos ajrih ningali pratikêlipun kêthek kang makatên wau. tiyang Jawi tuwin Cina kathah kang sami nyadran tuwin angluwari punagepunagi. ing ngriku sami sidhêkah, nêdhanan sarta nyukani têdha dhatêng kêthek-kêthek wau, sarèhning kêthek-kêthek punika sampun sami nate dipun sukani nêdha dening têtiyang kang sami dhatêng ing ngriku, mila sangêt purunipun angrêbat ing têtêdhan, yèn têdhanipun sampun kasukakakên lajêng sami rêbatan kantos dados têtukaran.

Griya gêdhong ing pinggiring padusan wau kang damêl Tuwan Hoflan, kala taksih gêgriya ing Pasuruan, dene pamrihipun namung abingahakên kabingahaning kathah kemawon.

Ing pinggiripun padusan kang sisih lèr ing sangandhaping kajêng wontên selanipun pasagi kang ngadêg, kaukir sêratan kawi kina, saking lamènipun dados sêratan punika [pu...]

--- 130 ---

[...nika] sampun kirang cêthanipun. Sarêng kula sampun ningali ing ngriku kula lajêng wangsul dhatêng Pasuruan malih.

Botên antawis dangu kula wontên ing Pasuruan, kula nyewa kreta sakapalipun, kula tumpaki dhatêng Kabupatèn Malang bawah Karesidhenan Pasuruan, têbihipun 30 pal, wontên ing sukuning rêdi Tênggêr kang sisih kilèn, inggilipun 1400 kaki.

Sarêng lampah kula dumugi cêlak watês ing Kabupatèn Malang, watawis sapal saking margi agêng wontên grojogan toya kang dhawah ing jurang, nama baung, mila kanamakakên makatên, awit grojoganipun toya wau bilih kapirêngakên saking katêbiyan kados sêgawon baung, mila kapêrlon kula aningali ing ngriku, toya kang gumrojog punika toya lèpèn ingkang saking rêdi dhatêngipun ing ngriku anjog ing jurang ingkang lêbêtipun 180 kaki, sarèhning lèpèn wau sawatawis agêng môngka dhawah samantên inggilipun, mila ungêlipun anglangkungi sangêt, dene rupenipun toya kang anjog wau saking inggilipun, [ing...]

--- 131 ---

[...gilipun,] dados katingal pêthak awit sumêpyuripunkumêpyuripun. toya punika, anggèn kula ningali têbihipun watawis wontên 50 kaki saking grojogan wau, ewa makatên pangangge kula kantos têlês sadaya kenging kêpyuring toya, ing pagenan kula ningali punika tiyang wicantênan botên pirêngmirêng. awit saking sangêting swaranipun dhawahing toya.

Botên antawis dangu kula anglajêngakên lampah kula, dhatêng kula ing pos Singasari kula lèrèh ningali candhi sela cêmêng ukir-ukiran, wangunipun saèmpêr kados masjid, inggiling watawis wontên 35 kaki, kuciwanipun sampun kathah ingkang risak. Candhi wau kapagêran mubêng sarta wontên gapuranipun awangun supit urang, mila kula wastani makatên, awit botên mawi ngangge tangkêban lan ingkang nginggil botên ngangge tutup, sadaya wau kang kadamêl ugi sela cêmêng, wondèntên kiwa têngênipun gapura punika, wontên rêcanipun gupala kêkalih sami lênggah jegang tuwin bêkta gada, dene inggil watawis wontên 12 kaki, dene agêngipun pantês kalihan inggilipun, mripatipun [mripa...]

--- 132 ---

[...tipun] mêlolo sami kalihan jêram gulung, rêca samantên agêngipun dalah gadanipun punika sela wêtah botên ngangge sambêtan.

Sasampuning kula ningali ing ngriku, lajêng anglajêngakên lampah kula dhatêng ing Malang, sarêng ngajêngakên dumugi ing kitha, kula ningali griya sakit militer, mila ing ngriku wontên griya makatên awit hawanipun asrêp sarta sakeca, mila kadamêl patirahan militer kang sami sakit. Botên antawis dangu kula lajêng dhatêng ing kitha, sarèhning dintên punika kula sawatawis sayah, mila kula aso botên anêningali punapa-punapa, dalu kalêbêt asrêp, mila anggèn kula tilêm kantos ngangge singêb rangkêp kalih. Enjingipun kula amêrlokakên ningali ing salêbêtipun kitha, sawawratipun kitha parêden inggih sae sarta kathah para tuwan-tuwanipun Walandi ingkang gêgriya ing ngriku, awit sami amurih asrêping hawa parêden wau. Griya Kabupatèn majêng mangidul, alun-alunipun wontên ing sisih kilèn griya Kabupatèn. Griya Asistenan wontên ing sakiduling alun-alun majêng mangilèn, angajêngakên [angajêngakê...]

--- 133 ---

[...n] margi agêng kang saking alun-alun, sarèhning kathah para tuwan-tuwan saking mônca kang sami sakit tirah ing ngriku, punapadene kathah Walandi kang dhatêng aningali ing Malang, mila kantos wontên lusmen lan griyanipun bolah.

Enjingipun malih kula kesah dhatêng dhêstrik Batu, têbihing saking kitha 11 pal, inggilipun 2800 kaki, wondening kang dipun ênggèni kadhêstrikan punika dhusun nama Sisir, ing ngriku wontên kontraliripun, griya kontraliran angajêngakên pagenan kang wiyar kados alun-alun mawi wontên pêkênipun agêng sarta wontên gudhangipun kopi, saking ngriku kula kesah ningali ing gilingan kopi kang kacêpêng ing Walandi, ing ngriku saèmpêr kados gilingan gêndhis, kopi kang kagiling punika botên dipun bubuk, nanging kabucal kulitipun kemawon, pambucalipun sarana ngangge gilingan jantra agêng kang kaubêngakên dening toya, wondening kopi kang kabêkta ing gilingan wau gadhahanipun tiyang alit tanêmanipun Gupêrmèn. Dene Walandi kang gadhah gilingan punika tumbas saking tiyang alit, dados yèn môngsanipun tiyang ngundhuh kopi sapikantukipun [sapikantukipu...]

--- 134 ---

[...n] tiyang kang ngundhuh wau lajêng kasade ing ngriku sanalika, dados tiyang alit botên mawi susah mulasara malih kantos dadosipun uwos, nanging sanadyan katumbas mirah panyadenipun, lajêng pikantuk arta, dene ingkang ngladosakên kopi wau dhatêng ing gudhanging Gupêrmèn sarta pikantuk bayaran kados kang sampun katêmtokakên dening parentah inggih Walandi kang mulasara kopi punika. Dhêstrik Batu punika kenging kaetang racaking sabên taunipun mêdal kopining 60.000 dhacin.

Saking gilingan ngriku, kula kesah ningali sumbêr kang kanamakakên Songgoriti, têbihipun saking sisir 2 pal, sumbêr wau mêdal saking candhi sela alit ukir-ukiran, ingkang sisih mêdal toyaning asrêp, sisihipun mêdal toya angêt, kang sisih mawi katadhahan kulah alit, sisihipun tanpa tadhah, dene inggiling candhi wau watawis pitung kaki, panjangipun 8 kaki.

Saking ngriku kula lajêng wangsul dhatêng Malang malih, enjingipun kula kesah dhatêng dhusun Tumpang, têbihipun saking Malang 14 pal, aningali candhi malih saking ngriku lajêng [la...]

--- 135 ---

[...jêng] ningali candhi ing dhusun Kidhal, botên têbih saking Tumpang, candhi kêkalih wau kang satunggal inggil kados cungkup sarta kenging kalêbêtan tiyang, wangunipun ingkang wau patapan, dene satunggilipun namung undhag-undhag utawi tundha-tundha kemawon, dene kang nginggil kados pamujan. Candhi kêkalih punika sami kaukir mawi gambar ringgit kêthek, candhi wau kantos sapriki awit karsaning parentah taksih sami karimatan amrih dadosa têtingalan.

Sarèhning anggèn kula nêningali ing Malang sampun dumugi, mila kula lajêng wangsul malih, sarêng dumugi cêlak watês ing Pasuruan, nyimpang mêdal ing dhêstrik Pandhakan. Kang wontên ing sukuning rêdi Arjuna dhatêng Bangil, botên antawis dangu kula wontên ing Bangil, lajêng wangsul dhatêng Pasuruan malih. Enjingipun kula mangkat kesah dhatêng rêdi Tênggêr, kula numpak kreta dhatêng dhêstrik Pasrêpan, sadhatêng kula ing pos Pasrêpan, kula lajêng numpak kapal kesah dhatêng pasanggrahan Tosari ing iringipun rêdi Tênggêr kang sisih lèr, inggiling saking laut 5500 kaki, ingkang wau griya punika pasanggrahanipun [pasanggrah...]

--- 136 ---

[...anipun] para priyantun ingkang papriksa tanêman kopi, ananging samangke sampun dados gadhahanipun Walandi partikêlir kadamêl lusmen, para tuwan-tuwan Walandi ingkang sakit kathah kang sami dhatêng tirah ing ngriku awit saking asrêpipun, ing ngriku kula lèrèh nêdha, sasampunipun kula lajêng nêningali ing patamanan wêngkoning lusmen wau, sayêktos anyênêngakên ing manah, awit anggèn kula aningali têtanêman sayur jêjanganan Walandi anglangkungi saenipun, lêma-lêma awit saking saening siti sarta asrêping pagenan. Dene kang nyêpêng nanêm sarta mêndhêt pawêdalanipun sayuran wau Walandi satunggal kang gêgriya ing ngriku.

Sasampuning kula nêdha, lajêng numpak kapal malih minggah ing rêdi wau, sarêng dumugi ing nginggil pisan, kagèt kula aningali mangandhap kados dening kawahipun rêdi, ingkang ngandhap waradin sarta wiyar, tiyang ngriku amastani dhasaring rêdi Brama, utawi kawastanan sagantên pasir. Ing dhasar punika sitènipun sadaya pasir kamomoran awu ingkang mêdal saking kawahipun rêdi Brama nalikanipun murub, mila katingal pêthak, saking kandêlipun pasir, [pa...]

--- 137 ---

[...sir,] kantos botên kathukulan punapa-punapa, malah kantos rumput botên sagêd thukul ing ngriku, mila angêmplak-êmplak waradin kemawon sarta wiyar, ing têngahipun dhasar wau wontên rêdi anjênggêlêg kados dening tumpêng, inggih punika rêdi Brama angadêk ing satêngahing sagantên pasir. Wiyaring dhasar utawi sagantên pasir wau awit saking pinggiring rêdi ingkang angubêngi kang sisih lèr sarta wetan dumugining rêdi Brama watawis wontên kalih têngah pal, dene saking sisih kilèn lan kidul, kintên-kintên wontên 4 pal, dados saking têpining rêdi ingkang sisih wetan dumugi ing kilèn watawis 6 pal, makatên ugi ingkang êlèr dumugi ing kidul ugi watawis wontên 6 pal, inggilipun rêdi kang ngubêngi sagantên pasir pagenan kula ningali mangandhap, saking dhasar utawi sagantên pasir watawis wontên 400 kaki, sarèhning sagantên pasir wau botên wontên kêkayonipun, mila yèn kenging soroting surya katingalan saking nginggil, kados sagantên saèstu, ombak-ombaking hawa kang wontên sanginggiling pasir, sayêktos kados ombaking [o...]

--- 138 ---

[...mbaking] laut, mila sarêng kula ningali makatên, sadèrèngipun kula kacriyosan dhatêng têtiyang kang sami andhèrèkakên ing lampah kula, andadosakên kagèting manah kula, dene sanginggiling rêdi wontên sagantênipun.

Botên antawis dangu kula anglajêngakên lampah kula numpak kapal mêdhun dhatêng dhasar utawi sagantên pasir wau, margining anglangkungi julêgipun, mila sangêt kuwatos kula, dene katêmbèn kula angambah margi ingkang makatên, kula kuwatos bilih kapal kang kula tumpaki punika kalorod, ananging Lurah dhusun Tosari kang dhèrèkakên ing lampah kula punika, pratela dhatêng kula supados kula sampun mawi ajrih, malah apusipun kapal kapurih ngêculakên supados kula cêpêngan suri kemawon. Mila kula botên suka cêpêngan apus, pamrihipun supados kula sampun kantos angridoni lampahipun kapal. Awit kapal Tênggêr punika sampun ambah-ambahanipun margi ingkang makatên punika, mila bilih tiyang kang numpaki kapal ajrih sarta mawi cêpêngan apus, asring bilahi dhawah sarêng kalihan [kali...]

--- 139 ---

[...han] kapalipun, sarèhning kula kacriyosan tiyang ngriku makatên, kula inggih dhèrèk kemawon, sayêktos lampah kula wau dumugi ing ngandhap wilujêng.

Sadhatêng kula ing ngandhap lajêng dhatêng rêdi Brama, sarêng dumugi ing sukuning rêdi wau, kula lajêng mêdhun saking kapal lumampah minggah ing rêdi Brama, mila makatên, awit sangêt dêdêripun, mila kadamêlakên undhak-undhakan supados kenginga kainggahan tiyang, inggiling pucakipun rêdi Brama punika saking dhasar watawis 500 kaki, sadhatêng kula ing pucaking rêdi ing sapinggiring kawah kang wiyaring lambenipun watawis 600 dening lambening kawah kang kula pagèni punika, wiyaripun namung kalih kaki, kawah wau bundêr anglangkungi julêgipun, lêbêtipun watawis wontên 300 kaki, yèn tiningalan saking nginggil makatên wangunipun kados dening kukusan kalumahakên. Dados julêgipun lancip mangandhap. Ing salêbêting kawah kathah selanipun agêng-agêng sarta kathah ugi êlèngipun alit-alit ingkang sami mêdal kukusipun, kukus wau kukusipun walirang, mila ambêting sangêt botên ecanipun.