Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Tus Pajang, Sasrasumarta et. al., 1939, #271

Katalog:Tus Pajang, Sasrasumarta et. al., 1939, #271
Sambung:-

--- [0] ---

Tus Pajang

Pèngêtan Lêlampahanipun Swargi Radèn Ngabèi Yasadipura I, Abdi Dalêm Kaliwon Pujôngga, ing Surakarta Adiningrat.

Mawi rinêngga ing gambar-gambar

Kawêdalakên awit namaning Komite: Yasadipuran I

Karanganipun: R. Sasrasumarta, R. Sastrawaluya, saha R. Ng: Yasapuraya

kanthi pambiyantunipun: R. Ng. Marsapranata, R. Ng. Wignyawiryana, R. Ng. Andayadipraja, sarta R. Yasawiyata.

Kaêcap ing pangêcapan Budi Utama ing Surakarta 1939.

--- [0] ---

...

--- [0] ---

Aturipun Pangarsa

Nuwun, awit wontênipun pahargyan mèngêti Karaton Surakarta têtêp 200 taun, ingkang dhumawah tanggal kaping: 18 April dumugi: 1 Mèi: 1939 punika, pangrèhing komite: darah Yasadipuran I sawarganipun, ugi andhèrèk mèngêti, nênuwun sarta muji ing Gusti Allah, mugi-mugi nagari saha karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sagêda lulus lêstari tata raharja, saya mindhak kaluhuranipun panjênêngan dalêm nata ingkang sami jumênêng, dinirgakna ingkang yuswa, awèta dados pandam pangayomanipun garwa, putra, santana, abdi saha kawula dalêm sadaya.

Mênggah wujuding pêpuji wau, dipun saranani:

: Nalika dintên Salasa kaping: 7 Marêt: 1939 wanci jam: 6 sontên (malêm Rêbo kaping: 17 Sura, Je: 1870) pangrèhing komite darah Yasadipuran I

--- [0] ---

sami dêdupa wontên saantawisipun waringin sêngkêran ing alun-alun êlèr, saha lajêng wilujêngan, manggèn ing griyanipun Artaka Radèn Ngabèi Sumawiraya, mawi dipun paringi jêjênêng saking Komite Surakarta 200 taunan.

: Komite darah Yasadipuran I ugi damêl pèngêtan awujud buku: Tus Pajang, nyariyosakên lêlampahanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I, têrangipun kados aturipun panitya pangarang ing sisih punika.

Mênggah buku Tus Pajang wau manawi wontên kirang langkungipun, langkung malih ingkang anggêpok kaluhuran, kula sumanggakakên para nupiksa, mugi kaparênga paring samodra pangaksama. Amargi, sanadyan sampun sarosa binudidaya, wusananipun inggih kados wontênipun punika.

Atur panuwunipun pangrèh, sadaya wau mugi andadosakên kauninganipun para maos.

Awit namanipun Komite darah Yasadipuran I

Arjadipraja

(Pangarsa)

Andayadipraja

(Panitra I)

--- [1] ---

Purwaka

Sanajan kanthi ngêtog kakiyatan sarta ngêpuh pambudidaya, babaranipun sêrat punika tangèh yèn sagêda nyêkapi, kabêkta saking kêkirangan sarana, kasêpênan ubarampe. Langkung malih manawi ngèngêti, bilih sugêngipun ingkang suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I punika, sapriki sampun kalih atus taun langkung dangunipun. Dados panglacakipun sampun rakaos sangêt.

Pandhapukipun cariyos lampahanipun ingkang suwargi punika bêbasan namung sakêcêpêngipun, pundi ingkang sakintên sagêd madhangakên, utawi mêngku têpa palupi utami, lajêng dipun pacak. Bakuning andharan mêndhêt saking gotèk, dêdongengan, sarta wontên ingkang kapêthik saking pustaka warti utawi sêrat, ugêr wontên larasipun [lara...]

--- [2] ---

[...sipun] kalihan sêdyanipun bêbadan ingkang andhapuk lêlampahanipun ingkang suwargi punika.

Sêrat punika ngêwrat lêlampahan kala sugêngipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ugi ingkang karan: Tus Pajang. Ing sarèhning ingkang suwargi punika abdi dalêm pujôngga, dados lêlampahanipun kathah sangêt gêgayutanipun kalihan praja, praja Jawi lan parentah Walandi. Sapintên wigatosing lêlampahanipun, para nupiksa badhe sagêd anguningani wontên ing andharaning sêrat punika.

Nyarêngi kalihan kala môngsa ingkang wigati, inggih punika mèngêti adêgipun karaton dalêm sampun 200 taun dangunipun, sêrat punika ugi ngêwrat bab-bab ingkang anggêpok adêgipun karaton dalêm. Makatên punika malah katingal mungguhipun, manawi ngèngêti: bilih ingkang suwargi punika ugi mênangi kala pindhahipun karaton dalêm, wiwit babagan panggarap, paripurna ngantos dumugi rêjanipun praja pisan. Awit saking punika, sêrat punika ugi ngiras pantês kangge mahargya titimôngsa ingkang sakalangkung wigati punika.

[Grafik]

Saandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun, Ingkang Minulya saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana X (suwarga).

Ananging, sapintên panalôngsa sarta pêpêsing manah, dene sêsotyanipun praja, sêsêmbahanipun kawula, [kawu...]

--- [3] ---

[...la,] Saandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana X, nalika dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping: 1 Sura Je: 1870 utawi 20 Pebruwari 1939 wanci jam: 7.35 enjing, murud ing kasidan jati, dumugi yuswa: 74 taun 6 wulan 9 dintên, amargi gêrah sêpuh.

Seda dalêm punika sayêktos dados prihatosipun garwa, putra santana, kawula sarta praja Surakarta ing saumumipun. Panityaning sêrat punika, ngunjukakên sêmbah pamuji mugi arwah dalêm ingkang murud ing kasidan jati, tinampi wontên pangayunaning Pangeran. Brêkah dalêm nyawabana dhatêng praja dalah kawula sadaya.

Salêbêtipun praja dalah kawula nandhang belasungkawa awit surud dalêm ingkang wicaksana, wasana tumuntên angsal pêpulih, dene Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, putra dalêm pambajêng, nalika Jumuwah Wage ping 19 Sura Je 1870, sumilih kaprabon, jumênêng nata angrênggani kadhaton ing Surakarta, jêjuluk: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana XI, awit jumênêng dalêm punika, mugi-mugi sagêd widada dirga ing yuswa, punapa malih tansah manggih suka [su...]

--- [4] ---

[...ka] bagya, sumarambahipun anyawabi pramèswari dalêm, putra santana, kawula saha praja dalêm.

Wusananing atur pambabaripun sêrat punika awit saking sêdyanipun Komite Yasadipuran I, salah satunggaling bêbadan saking paguyuban darah Tus Pajang, ingkang dipun pangarsani Radèn Ngabèi Arjadipraja. Dene ingkang dipun bêbahi anggarap, panitya Pustakawarti, sangêt-sangêt panyuwunipun, manawi wontên kêkirangan sarta kuciwanipun, mugi angsal samodra pangaksama ingkang agung saking sanggyanipun para nupiksa sadaya.

Kasêrat tanggal kaping 15 Marêt 1939.

Panitya Pustakawarti.

--- 5 ---

1. Bagus Banjar

Sakonduripun saking Palembang, Radèn Tumênggung Padmanagara katarimah anggènipun nêmpuh sayêmbara wontên ing Kartasura, lajêng kawisudha dados abdi dalêm bupati jaksa, dêdalêm wontên ing Pêngging, sarta kaparingan lênggah siti 50 jung. Nalika samantên ingkang jumênêng nata wontên ing Kartasura Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana I.

Radèn Tumênggung Padmanagara punika kêncêng ngibadah sarta lêbêt kaislamanipun. Wontên ing Pêngging lajêng krama angsal wulanjar nama Maryam, ingkang punjul ing warni, anakipun Kalipah Caripu, satunggiling ngulama ingkang langkung kawruhipun dhatêng agami Islam, sasampunipun dados garwa, pun Maryam lajêng karan Nyai Ajêng Padmanagara.

Antawis kawan wulan saking anggènipun dipun pundhut garwa, Nyai Ajêng Padmanagara nyidham kaworan, mratandhani sampun bobot. Wasana dumugining wancinipun, Nyai Ajêng gadhah rencang lare mêdal èstri, ingkang ing têmbenipun nama Mas Ajêng Jakariya.

Awit putranipun putri punika, radèn tumênggung rumaos [ruma...]

--- 6 ---

[...os] dèrèng marêm ing panggalih sangêt-sangêt panuwunipun ing Pangeran, supados kaparingan momongan jalêr, ingkang sagêd nocogi kalihan panggalihipun. Saking anggènipun kapengin kagungan putra kakung, mawi dipun saranani prihatos, sarta bantêr lampahipun. Siyang dalu cêgah dhahar sarta sare, ing batos tansah nênuwun ing Pangeran.

Anuju satunggiling dalu, ing sangajênging dalêmipun radèn tumênggung, kadhatêngan tiyang kathah saking kanan kering. Nalika Radèn Tumênggung Padmanagara ngêdali, sarta andangu punapa parlunipun, dene sami dhatêng ing dalêmipun. Têtiyang punika sami matur, manawi sami manoni wontên daru cumlorot, warninipun ijêm sulak pêthak, agêngipun watawis sacêngkir. Prênahing dhumawahipun wontên ing dalêmipun radèn tumênggung. Ingkang andangu rumaos kagawokan, amargi panjênênganipun piyambak ingkang wontên ing ngriku botên pirsa punapa-punapa. Mila ing batos inggih sônggarunggi dhatêng têmêning aturipun têtiyang punika. Ewadene siram-siram bayêm, mugi-mugi sêsêrêpanipun têtiyang punika nètèsi kanthi wontên wahananipun sae.

--- 7 ---

Enggaling cariyos, garwa sampun ambobot malih, sarta sampun mèh dumugi lèkipun, kirang sadintên sadalu saking pambabaripun, ingkang garwa sampun karaos anggêrahi. Raos makatên punika ngantos rambah kaping tiga, ananging tansah botên saèstu kemawon.

Anuju ing dintên Kêmis Lêgi wanci sontên, radèn tumênggung katamuan tiyang sêpuh, ngakênipun patinggi ing Palar. Tamu punika matur, manawi mêntas ambiyaki Kuran, mrangguli suratul lujum. Ing surat ngriku nyêbutakên, manawi wontên bayi lair ing dintên Jumuwah Paing benjing-enjing punika, ing têmbe lare punika badhe langkung tinimbang sasaminipun.

Radèn tumênggung lajêng enggal-enggal ngabari Kyai Kalipah Caripu, supados manggihi tamunipun. Sasampunipun dhatêng, Kyai Kalipah Caripu jagongan kalihan patinggi Palar punika, sami bawa raos, ngrêmbag babagan kabatosan. Eca anggènipun sami bawa raos, kintên wanci sirêp janma, Kyai Kalipah Caripu katamuan mitranipun saking Magêlang nganthi rencang jalêr kêkalih. Tamu punika umur-umuranipun langkung sêpuh tinimbang patinggi Palar, nama Kyai Ônggamaya. Kyai Ônggamaya punika [pu...]

--- 8 ---

[...nika] wontên ing griyanipun ngêdêgakên paguron agêng. Mulangakên kawruh warni-warni. Amargi piyambakipun punika ngulama agêng limpad, manawi kawruhipun sarta têrang paningalipun. Malah nalika sawêg dhatêng punika, sampun wani ngandharakên mangke wanci subuh, Nyai Ajêng Padmanagara badhe kagungan putra kakung. Putra punika têmbenipun linangkung, prasasat dados ugêr-ugêring praja, kaparêk kalihan sang nata. Mirêng wêdharing pamêcanipun Kyai Ônggamaya makatan punika, ingkang sami anjagongi, langkung malih Radèn Tumênggung Padmanagara, ing batos dèrèng sagêd ngêcupi, namung sumarah ing Pangeran, mugi-mugi nètèsana sadaya. Pancèn inggih kados makatên punika ingkang dipun suwun, dipun impi-impi sarta ingkang dados idham-idhamanipun.

Saking guyub guyêngipun, anggènipun jagongan botên sumêrêp wanci, saking kapirênan anggènipun musawaratan sarta sarasehan kawruh. Dumuginipun wanci subuh, lajêng sami dhatêng langgar, parlu sêsarêngan sêmbahyang. Dèrèng ngantos rampung parlunipun, sampun dipun tênggani satunggiling abdi, ingkang badhe matur dhatêng Radèn Tumênggung Padmanagara. Sarampunging parlu subuh, abdi wau enggal-enggal matur, [ma...]

--- 9 ---

[...tur,] manawi bandara putri sampun karaos anggêrahi, ngatawisi yèn badhe kagungan putra. Ingkang dipun aturi enggal-enggal lumêbêt dalêm. Botên antawis dangu, jabang bayi sampun lair. Bayi punika bungkus sarta kalung usus.

Para pinisêpuh sami kagawokan sumêrêp wujuding bayi. Kyai Ônggamaya lajêng nêdha sarêm sawuku, ingkang lajêng dipun garitakên bungkusipun. Pêcahing bungkus, sawêg katingal bayinipun, têtela ing sumêrêpipun manawi jalêr, guwayanipun sumuluh. Wasana usus ingkang kumalung ing gulu dipun udhari, bayi tumuntên nangis cumêngèr. Sasampunipun dipun upakara rêsik, para pinisêpuh sami nimbul sarana nucup êmbun-êmbunanipun. Dados lairing jabang bayi nètèsi kados pamêcanipun Kyai Ônggamaya, nuju dintên Jumuwah Paing wulan Sapar Jimakir 1654, wanci jam 5.30 enjing.

Botên kacariyosakên pahargyanipun babaran, sarêng dumugi sapêkênipun kanamakakên: Bagus Banjar, karanipun Jaka Subuh. Dene ingkang êmbah Kyai Kalipah Caripu maringi têtêngêr: Jenal Ngalim, kapiridakên namaning gurunipun Radèn Tumênggung Padmanagara nalika wontên [wo...]

--- 10 ---

[...ntên] ing Palembang, ingkang nama Jenal Ngabidin.

Kyai Ônggamaya sarta patinggi Palar, anggènipun nênggani ngantos bibar sapêkênipun. Malah Kyai Ônggamaya tilar wêling, manawi pun Bagus Banjar punika sampun umur 8 taun, badhe kasuwun dhatêng Kêdhu Bagêlèn, sagêda dipun wulang sawarnining kagunan sarta pangawikan.

Kados punapa katrêsnanipun Radèn Tumênggung Padmanagara sakalihan dhumatêng ingkang putra Bagus Banjar, bêbasan tanpa pêpindhan. Saking sampun dawêg anggènipun kapengin kagungan putra kakung, môngka sawêg sagêd kadumugèn sapunika, Bagus Banjar dados maniking rama ibu, ingkang prasasat dados gantilaning manah, sangêt dinama-dama kanthi pramati lan ngatos-atos pangrêksanipun. Bagus Banjar kalis ing sambekala, lêpat ing sanjata uwa, badanipun enggal agêng kalawun-lawun, kados dipun dusi ing toya gege.

Wiwit umur saminggu dumugi 5 taun, Bagus Banjar namung nêdha pisang ambon thok, sanèsipun botên ajêng. Amargi manawi dipun sukani têtêdhan sanèsipun, badanipun lajêng kêra tur nuntên sakitên, mila inggih dipun lajêngakên sapurunipun. Sarêng umuripun sampun langkung,

--- 11 ---

5 taun, sawêg purun kambêtan sêkul, nanging ingkang dipun sênêngi piyambak nêdha intip. Sanajan inggih doyan têtêdhan sanèsipun, ananging dhatêng intip botên kantun lan botên wontên bosênipun.

Wiwit ngancik umur taunan, sampun katingal lantipipun, langkung tinimbang sasamining lare, cal-culing rêmbag, ginêm saginêmipun, ngatawisi manawi lare limpad, tarkadhang sagêd mranani manah utawi damêl cingakipun para sêpuh ingkang nyumêrêpi. Sarêng Jaka Subuh utawi Bagus Banjar sampun umur sawindu, Radèn Tumênggung Padmanagara kèngêtan dhatêng panyuwunipun Kyai Ônggamaya ing Bagêlèn. Saking kaparêngipun, ingkang putra badhe dipun êtêrakên piyambak. Ing sadèrèngipun pangkat, Bagus Banjar kasuwunakên sawab ingkang êmbah, murih linêpatakên ing sambekala sarta godharêncana.

Botên kacariyosakên rêroncènipun wontên ing margi, radèn tumênggung kalihan ingkang putra sampun dumugi ing Kêdhu. Kyai Ônggamaya sakalangkung bingah dene dèrèng ngantos kengkenan murugi dhatêng Pêngging, sampun kaparingakên piyambak, malah dipun êtêrakên ingkang [ing...]

--- 12 ---

[...kang] rama. Wontên ing Kêdhu, radèn tumênggung anggènipun nênggani ingkang putra ngantos kalih wulan. Sakonduripun dumugi ing Pêngging, sangêt ing piduwungipun, dene rama mara sêpuh, Kiyai Kalipah Caripu sampun ajal, kakubur wontên ing dhusun Bêndhan Pêngging. Inggih sapintên pangungunipun, dene botên nyumêrêpi kala gêblagipun. Wasana inggih mupus ing pêpêsthèn, bilih sadaya wau saking kaparêngipun ingkang adamêl gêsang.

Bagus Banjar ingkang kantun wontên ing panggenanipun Kyai Ônggamaya, botên katawis kajogipun, mindhak dintên saya kraos. Wiwit wontên ing ngriku dipun wulang nyêrat Jawi sarta Arab, maos kitab sarta Kur'an. Sarta malih kawulang nglampahi isarak rukuning kaislaman. Wiwit nampi piwulang, katingal kalantipanipun, mila enggal mangêrtosipun.

Tundha-tumundhaning pasinaon, dipun wulang ingkang gampil-gampil, saya dangu saya mindhak, ngantos dipun wulang kawruh ingkang inggil-inggil. Botên namung têtêmbungan sarta maksudipun, ugi dipun wulang dhatêng paramasastra sarta kasusastranipun pisan. Kados umumipun panggulawênthah sarta amarsudi ing jaman kina, dhêdhasaripun mawi ulah kabatosan, [kaba...]

--- 13 ---

[...tosan,] inggih punika sêsirih sapanunggilanipun. Makatên ugi anggènipun mulang Kyai Ônggamaya dhatêng Bagus Banjar, botên tilar panggulawênthah kabatosan. Sanajan taksih nama lare, sampun dipun tuntuni sêsirih, ngêngirangi sarta lampah sanès-sanèsipun. Makatên malih ugi dipun wulang dhatêng kawruh kaneman, inggih punika jaya kawijayan sarta kanuragan.

Kacariyos anggènipun Bagus Banjar wontên ing paguronipun Kyai Ônggamaya ngantos 5 taun dangunipun, dados umuripun sampun 14 taun. Wiwit punika saya katingal kalantipanipun, landhêp pasanging graita, jêmbar kawruhipun. Gurunipun ngantos kasok katrêsnanipun. Panganggêpipun botên beda kalihan dhatêng anakipun piyambak.

Awit saking dayaning tuntunan wiwit alit, Bagus Banjar kadhasaran kabatosan ingkang kandêl. Dados botên namung kawignyan kalairan kemawon, dalasan bêbudèn sarta kajiwanipun inggih angsal panggulawênthah sarta pamardi saking Kyai Ônggamaya. Wiwit punika saya katingal kapintêranipun, kados sanepanipun êmas ingkang sinangling, sumunaripun têrus ing jawi lêbêt. [lêbê...]

--- 14 ---

[...t.] Kalairanipun sampun putus kasusastranipun Jawi Arab, kasusilan, tatakrama sarta kanuragan. Kabatosanipun dene dipun sumêrêpakên dhatêng tata traping ulah samadi, cara-caraning panêmbah, mangrèh dhiri pribadi, sarana sêsirih, ahli lampah lan sapanunggilanipun.

Sarênganing lêlampahan punika, nalika ing Kartasura tuwuh gegeran Cina, anjalari jêngkaripun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana II, dhatêng Panaraga. Jêngkar dalêm punika nuju ing dintên Sêtu Wage 27 Rabingulakir, Alip 1667, wanci lingsir kilèn, sinêngkalan swara karungu olahing bumi.Sengkalan: swara karungu olahing bumi (Sêtu Wage 27 Rabingulakir 1667 A.J., Senin, 2 Juli 1742 A.D.) [PERIKSA, hasil BEDA].

Sajêngkar dalêm saking kraton ing Kartasura sampun dipun jègi Cina, ingkang gumantos jumênêng nata Radèn Mas Garêndi, jêjuluk Sinuhun Kuning, saking pitulunganipun bala Cina, jumênêngipun botên ngantos dangu. Ingkang sinuhun lajêng kasoran linawan ing wadyabala Kumpêni.

[Grafik]

Saandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana XI.

Tindakipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana II dhatêng Panaraga kadhèrèkakên putra dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Mangkunagara, ingkang ing têmbe jumênêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana [Paku...]

--- 15 ---

[...buwana] III wontên ing Panaraga, Ingkang Sinuhun Pakubuwana II, jêjuluk Kangjêng Panêmbahan Brawijaya, masanggrah wontên ing dhusun Kênthèng.

Nalika ingkang sinuhun masanggrahan wontên ing Kênthèng punika, Bagus Banjar sampun wangsul saking Kêdhu sarta lajêng konjuk ing ngarsa dalêm. Wêkdal kaunjukakên punika sêsarênganipun lare tiga, inggih punika: Mursada, Amat Ngali lan Busra. Neneman sakawan punika sasampunipun kauningan kangjêng sinuhun, ingkang kagêm namung satunggal, Bagus Banjar. Wiwit punika Bagus Banjar anyuwita ratu, dados abdi dalêm prajurit namèng jaja, nama Kuda Pangawè, padamêlanipun kapiji ngampil pusaka dalêm Kyai Cakra.

Saking pasanggrahan ing Kênthèng, sarêng praja sampun têntrêm, ingkang sinuhun karsa kondur angadhaton. Ananging rêrêsah salêbêting kitha dèrèng sirêp babar pisan, tindak dalêm lêrêm wontên ing dhusun Gumpang, ing griyanipun Tumênggung Sindusena. Wontên ing ngriku, ingkang sinuhun sagêd ngêntosi sawatawis wanci. Wiwit nyuwita sang prabu, Bagus Banjar katitik kasagêdanipun, saya malih kasusastranipun. Mila salajêngipun madana dhatêng Pangeran Wijil,

--- 16 ---

wontên golongan kadipatèn. Wiwit wontên ing ngriku prasasat manggèn ing satunggiling papan ingkang nocogi kalihan dhêdhasaripun. Mila inggih lajêng katingal damêlipun, ngantos dipun parabi pujôngga taruna.

Nalika jaman Kartasura ingkang akir punika, praja koncatan ing karaharjan, kados surêm kêkuwungipun. Kajawi saking pangramanipun bôngsa Cina sarta Sunan Kuning, taksih wontên santana dalêm ingkang ambêguguk nguthawaton, ngêdêgakên kraman utawi sami rêraton wontên ing pundi-pundi. Awit saking risakipun karaton Kartasura, mila wontên kaparêng dalêm ingkang sinuhun karsa mindhah karaton.

Saking gênging lêlabêtanipun dhatêng praja, nalika jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun IV, wontên karsa dalêm badhe misudha Ngabèi Yasadipura dados pêpatih dalêm. Kabêkta kala samantên Ngabèi Yasadipura sampun yuswa, mila nyuwun mopo, botên sagah nglampahi wisudhan punika. Wasana ganjaranipun dhumawah wontên ing putra, amargi putranipun ingkang kawisudha dados bupati ngantos tiga, inggih punika:

1: Radèn Tumênggung Sastranagara (Yasadipura II) abdi

--- 17 ---

dalêm bupati carik.

2: Radèn Tumênggung Yasadipura III, abdi dalêm bupati kadipatèn.

3: Radèn Tumênggung Amongpraja, abdi dalêm bupati jaksa.

Ngabèi Yasadipura punika katurun wolu saking Kangjêng Sultan Adiwijaya (Radèn Jaka Tingkir) ing Pajang. Urutanipun makatên:

Kangjêng Sultan Adiwijaya, pêputra:

1. Pangeran Adipati Banawa (Kangjêng Sinuhun Prabuwijaya) pêputra:

2. Pangeran Émas, adipati ing Pajang, pêputra:

3. Pangeran Arya Prabuwijaya (Panêmbahan Radèn) pêputra:

4. Pangeran Arya Wiramanggala (Kajoran) pêputra:

5. Pangeran Adipati Wiramanggala (ing CêngkaCêngkal. Sèwu mantu dalêm ingkang sinuhun sumare ing Têgalarum) pêputra:

6. Kangjêng Pangeran Arya Danupaya, pêputra:

7. Radèn Tumênggung Arya Padmanagara ing Pakalongan, pêputra:

8. Radèn Ngabèi Yasadipura I abdi dalêm kaliwon pujôngga [pu...]

--- 18 ---

[...jôngga] ing Surakarta Adiningrat.

Sedanipun Ngabèi Yasadipura kala dintên Sênèn Kaliwon tanggal ping 20 Dulkangidah, taun Wawu 1728, dumugi yuswa 74 taun. Sumare wontên ing pasarean Pêngging, sawingkingipun Masjid Ciptamulya.

2. Nitik Kraton Surakarta

Kondur dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana II saking kitha Panaraga, marêngi dintên Rêbo Lêgi tanggal ping 22 wulan Sawal taun: Alip 1667 tinêngêran: kontap karênga rêngganing praja.Sengkalan: kontap karênga rêngganing praja (Rêbo Lêgi 22 Sawal 1667 A.J., Jumat, 21 Desember 1742 A.D.) [PERIKSA, hasil BEDA]. Kabêkta saking risaking kraton Kartasura, saking kaparêng dalêm karsa utusan nitik papan langkung rumiyin. Dene ingkang kautus milih papan: Tuwan Mayor Hogêndhorêp, Adipati Pringgalaya, Adipati Sindurêja dalah para bupati nayaka. Utusan wau kalêbêt ugi abdi dalêm juru nujum: Kyai Tumênggung Ônggawôngsa, Radèn Tumênggung Puspanagara sarta Radèn Tumênggung Mangkuyuda. Sasampunipun têrang dhawuh timbalan [timba...]

--- 19 ---

[...lan] dalêm, para utusan sami pangkat mangetan, pados titik papan ingkang sakintên prayogi kangge kraton.

Papan ingkang dipun pilih wontên wêrni tiga, inggih punika:

Ha: Dhusun Kadipala, papanipun lêmpar waradin, sitinipun gasik, mapanipun pikantuk. Tuwan mayor saha patih kêkalihipun ugi sampun ngrujuki, namung wontên pêkèwêdipun, para abdi dalêm juru nujum botên nyuwawèni, dening wontên cacadipun, mênggah wosing aturipun abdi dalêm nujum, ing Kadipala punika sae, ing têmbe badhe sagêd rêja, emanipun dene badhe enggal risak.

Na: Dhusun Sala. Saking aturipun Radèn Tumênggung Ônggawôngsa, dhusun Sala punika ingkang sae piyambak, pantês dados papan badhening karaton, ing têmbe badhe tulus wilujêng, saya dangu saya wêwah rêja, kukuh santosa damêl mulyanipun nusa Jawi, bôndha sabrang wutah angêjawi, badhe botên wontên paprangan. Pamanggih punika sampun dipun rujuki pêpatih dalêm kêkalih pisan, namung Tuwan Hogêndhorêp ingkang dèrèng nyuwawèni, kabêkta [kabê...]

--- 20 ---

[...kta] papanipun lêdhok, pating pandhukul sarta cêlak banawi. Mila manawi botên milih Kadipala, aluwung pados papan sanès.

Ca: Sanasèwu, punika pantês upami kangge papanipun karaton. Nanging miturut pamêcanipun Radèn Tumênggung Ônggawôngsa, papan punika ugi kirang sae. Miturut jôngka, manawi saèstu manggèn wontên ing ngriku, tiyang Jawi badhe wangsul Buda malih, sarta tansah tuwuh pêrangipun bôngsa sami bôngsa. Para utusan dalêm sami gumun dhatêng kalangkunganipun Radèn Tumênggung Ônggawôngsa.

Putusaning rêmbag, para utusan dalêm sami anggolongakên pamanggih, milih dhusun Sala. Pilihan punika salajêngipun konjuk ing saandhap sampeyan dalêm. Sasampunipun midhangêt unjukipun utusan dalêm, ingkang sinuhun lajêng utusan abdi dalêm malih, parlu nitisakên papan wau.

Mênggah ingkang dipun utus: Pangeran Wijil, abdi dalêm suranata nama Kyai Kalipah Buyut, Mas Pangulu Pikih Ibrahim sarta pujôngga dalêm Radèn Tumanggung Tirtawiguna. Prayagung sakawan punika lajêng pangkat mundhi dhawuh timbalan dalêm, bidhal enjing anjajah sawetaning nagari. [na...]

--- 21 ---

[...gari.] Wasana botên dangu sampun manggih siti ingkang sae sarta anggônda wangi, kasêbut dhusun: Talawangi. Prênahipun sawetanipun dhusun Sala cakêt, emanipun dene kirang bawera. Pangeran Wijil sarta Tumênggung Tirtawiguna tansah riyalat sarta mêsu pamuja brata, murih sagêda lêbda ing karya. Wontên ing sapinggiring Kêdhungkol, prayagung kalih sami nênêpi, sasampunipun sawatawis dintên sagêd angsal wangsit: manawi sampun pinasthi bilih dhusun Sala punika badhe dados praja agung, ananging kêdah kapanggiha rumiyin kalihan Kyai Gêdhe Sala, ingkang sumêrêp mula bukanipun ing nguni-uni.

Satêlasing wangsit, Pangeran Wijil nuntên tindak mangilèn dhatêng ing dhusun Sala. Kyai Gêdhe Sala gupuh-gupuh amêthukakên utusan dalêm. Sasampunipun sami satata lênggah, Kyai Gêdhe Sala lajêng andongèngakên babadipun dhusun Sala.

Nalika jaman Pajang, putranipun Tumênggung Mayang ingkang nama Jaka Pabelan, pêjah wontên ing salêbêting kadhaton, jalaran konangan anggènipun mangun sandi malêbêt ing pura, wangkenipun kalarung dhumatêng lèpèn, Nglawiyan. Kèlinipun kasangsang wontên ing sawetanipun siti Sala.

--- 22 ---

Ing nalika samantên ingkang dados bêkêlipun nama Kyai Sala, nama punika ngantos dados karanipun dhusun. Nalikanipun Kyai Sala dhatêng lèpèn, sumêrêp bathang kasangsang, ingkang lajêng kalorogakên manêngah ing panggenanipun toya ingkang santêr ilinipun. Anggènipun ngèlèkakên wanci sontên, sarêng wanci enjing wangsul malih dhatêng panggenanipun kasangsang suwaunipun. Anggènipun ngèlèkakên makatên punika ngantos kaping tiga, ananging bangke punika tansah wongsal-wangsul kemawon, andadosakên ing gumunipun Bêkêl Sala. Têmahanipun kunarpa punika kamangsit, supados kapêtak wontèn ing sakilèn dhusun Sala. Ing têmbe ing ngriku punika dados nagari agung sarta tata raharja salaminipun botên badhe sagêd risak.

Wangsit punika dipun estokakên, kakubur wontên ing dhusun Sala, katêlahipun nama Kyai Bathang. Sabên dintên Jumuwah utawi Anggara Kasih pakuburan punika murub, amadhangi dhusun, têmahan dipun pêpêtri ing tiyang kathah sarta dados pêpundhèn, kathah tiyang ingkang nêdha brêkah sarta nênêpi, murih sagêd kasêmbadan punapa sêdyanipun.

--- 23 ---

Utusan dalêm sakalangkung suka bingah, nuntên sami pangkat dhumatêng kuburanipun Kyai Bathang. Sadumuginipun ing ngriku, sagêd wuninga têbaning papan, pancèn katingal bawera asri. Kuciwanipun dene cêlak rawa ingkang lêbêt lan wiyar. Prayagung sakawan dahat kèmêngan ing galih.

Utusan dalêm Pangeran Wijil, Tumênggung Tirtawiguna Kalipah Buyut sarta Mas Pangulu Pêkih Ibrahim, kanthi dipun dhèrèkakên Kyai Gêdhe Sala wangsul dhatêng Kartasura. Sadumuginipun ing ngarsa dalêm, utusan munjuk sarèhing dinuta, wiwitan dumugi pungkasan sampun konjuk sadaya.

Saandhap sampeyan dalêm sasampunipun ngawuningani unjukipun Pangeran Wijil, sakalangkung ngunguning panggalih. Wasana utusan nimbali Kyai Tohjaya sarta Kyai Yasadipura sami ingandikakakên ambudidaya, murih dadosipun nagari, dhusun Sala katimbanga kalihan dhusun Talawangi.

Ingkang kadhawuhan lajêng gêgancangan ngestokakên dhawuh, sadumuginipun ing dhusun Sala nuntên ngubêngi rawa sampun têpang anggènipun mriksa, sagêd sumêrêp yèn ing ngriku wontên tirtanipun kamandhanu.

--- 24 ---

Kyai Ngabèi Yasadipura saha Kyai Tohjaya lajêng wangsul, punapa sêsêrêpanipun sampun konjuk ing saandhap sampeyan dalêm sadaya, kangjêng sinuhun karênan saha katuju ing galih, nuntên nimbali Kyai Tumênggung Ônggawôngsa, sasampunipun sowan, nuntên winartosan saliring karsa, sarta lêlampahan ing bab nitik praja.

Sampeyan dalêm ingkang sinuhun tumuntên animbali Adipati Pringgalaya, wigatosing parlu badhe pindhahipun punika ingandikakakên ngrêmbag kalihan para nayaka jawi lêbêt sadaya. Anggènipun ngrêmbag laminipun ngantos satêngah wulan, wusananipun lajêng damêl sêrat ingkang badhe kangge dhawuh dhumatêng abdi dalêm adipati môncanagari, waradin brang wetan brang kilèn, suraosipun sami kapundhutan balok, kathah sakêdhikipun manut agêng aliting bawahipun. Sasampunipun ngalêmpak, balok punika sami kacêmplungakên dhatêng ing rawa, ngantos sagêd angêbaki. Kantun tuking rawa ingkang dèrèng sagêd mampêt, sanadyan kalêbêtan sela utawi balok ingkang agung-agung, ngantos pintên-pintên èwu mêksa botên sagêd mampêt, malah mudaling [muda...]

--- 25 ---

[...ling] toya saya agung, ambalabar pindha samodra.

Pangeran Wijil, Kyai Kalipah Buyut, Kyai Pangulu Pêkik Ibrahim lajêng sami numbali sarta namakakên sarat puja môntra, ewadene mudaling toya mêksa botên sagêd mêndha, malah ing rawa ngriku mêdal gêrèhipun pèthèk, gêrèh layur sarta kewan isèn-isènipun sagantên, andadosakên kagawokanipun ingkang sami tumandang sadaya. Kawontênan punika saya andadosakên ing prihatosipun utusan dalêm, langkung malih Pangeran Wijil, sarta Kyai Yasadipura.

Awit saking kajudhêgan, Pangeran Wijil sarta Kyai Yasadipura sami mêsu puja brata, manêkung wontên ing sawetaning rawa, watawis sakidulipun lêrês dhusun Kêdhungkol. Anggènipun manêgês prayantun kêkalih punika ngantos pitung dintên pitung dalu, botên dhahar sarta sare, ing wusana mirêng swara makatên: He, kang padha mangun puja brata, wruhanira, têlênging rawa iki ora bisa pampêt, amarga dadi têmbusane samodra kidul. Ewadene yèn sira ngudi pampête, kang dadi sarate: tambakên gong sêkar dalima, godhong lumbu kalawan [ka...]

--- 26 ---

[...lawan] sirah talèdhèk.

Pangeran Wijil miwah Kyai Yasadipura sakala mudhar anggènipun mangun puja brata, Pangeran Wijil ngandika bisik-bisik dhatêng Kyai Yasadipura ingkang suraosipun mêdhar suraosing wisik wangsiting Hyang Agung, sarta dhawuh manawi ing benjing saèstu dados têlênging praja Jawi, kinèn gêgriya wontên sakidulipun Kêdhungkol. Sabab sintêna ingkang dêdunung wontên ing ngriku, anak putu dumugi buyutipun sami sagêd manggih santosa raharja. Pinèngêtan anggènipun tampi wangsit punika nuju malêm Anggara Kasih tanggal kaping: 2 wulan Sapar taun Jimawal 1669.

Sarêng wanci bangun enjing, lajêng sami unjuk uninga ing panjênêngan dalêm nata. Ingkang sinuhun dahat pangungunipun, sarta sangêt anggènipun anggalih, punapa baya ingkang dados kêkêraning wangsit, dene pampêting rawa andadak mawi sarana ingkang tuhu elok sarta anèh makatên. Saking sruning pambudi dalêm, dangu-dangu angsal wêwêngan panglêpasing panggalih. Wasana pangandika dalêm:

Tlèdhèk iku têgêse ringgit, karêpe dhuwit.

Gong iku têgêse gôngsa, lambe, karêpe:

--- 27 ---

uni.

Dadi têmbung kêrasan: Gong Kyai Sêkar Dalima, karêpe dadi sêkar lathi.

Awit makatên ingkang dados suraosing wangsit, mila Kyai Gêdhe Sala nampèni paring dalêm arta sêsirah kathahipun salêksa ringgit, minôngka lintunipun siti Sala. Kaparêng dalêm ingkang kados makatên punika andadosakên suka bingahipun Kyai Sala.

Kyai Gêdhe Sala ugi manêkung wontên ing daganipun Kyai Bathang. Katarimah panuwunipun sagêd angsal sarana. Sêkar dalima sarta ron lumbu, punika sami kacêmplungakên dhatêng têlênging kêdhung. Kyai Gêdhe Sala ngêrigakên tiyang pintên-pintên kanthi rinoban ing arta, kapurih mampêti rawa, têmahan sagêd suda mudaling toya, nanging dèrèng mampêt babar pisan. Kasêmbuh brêkah dalêm, saking katarimah anggènipun munajat ing madya ratri wontên ing têpining toya. Toyaning rawa sagêd surut, kajawi kaprênah ing têlêngipun kantun mêmblêg-mêmblêg ngantos sapriki. Dene patilasan dalêm punika dumugi sapriki sakalangkung angkêr saha wingit. Ing nalikanipun [nalikanipu...]

--- 28 ---

[...n] ingkang sinuhun munajad punika botên wontên tiyang ingkang nyumêrêpi, kajawi namung Pangeran Wijil sarta Kyai Yasadipura. Kêkalihipun sami andhèrèk wontên ing wingking dalêm.

Papan badhening karaton sampun dipun cêngkal, ingkang tumindaking damêl Mayor Hogêndhorêp, Adipati Pringgalaya, Tumênggung Ônggawôngsa, Tumênggung Mangkuyuda sarta Tumênggung Tirtawiguna. Ingkang nyipat kêncênging karaton: Pangeran Wijil sarta Kyai Kalipah Buyut, dene ingkang ngukur adu manisipun: Kyai Yasadipura sarta Kyai Tohjaya.

Saking kaparêng dalêm, siti Talawangi kadhawuhan andhudhuk kangge ngurug karaton, dados Sala kalihan Talawangi sami kagêm sadaya. Wasana wiwit ngadani adêging karaton. Dene abdi dalêm undhagi ingkang anggarap: Kyai Prabusana, Kyai Haryasana, Kyai Rajêgsura sarta Kyai Srikuning, kanthi bau suku môncanagari. Wondene ingkang mandhegani Adipati Pringgalaya kanthi bupati jawi lêbêt.

Enggaling cariyos rakiting karaton sampun paripurna, sawêg pêpagêr jaro bêthèk kemawon, dèrèng

--- 29 ---

pinagêr banon. Dadosipun nagari Surakarta Adiningrat, sinêngkalan: sirnaning rêsi rasa tunggal 1670.Sengkalan: sirnaning rêsi rasa tunggal (1670 A.J., 1745/46 A.D.).

Ing sarèhning samangke sampun rampung, Adipati Pringgalaya tumuntên caos unjuk ing saandhap sampeyan dalêm. Ingkang sinuhun dahat sukaning galih, tumuntên mundhut arta brana kaparingakên pêpatih dalêm Adipati Pringgalaya, kadhawuhan maringakên dhatêng sadaya abdi dalêm ingkang sami nambut karya. Paring dalêm ganjaran punika dipun dum waradin dhatêng wadana kliwon, panèwu mantri sarta lurah bêkêl jajar, andadosakên ing suka bingahipun.

3. Boyongipun Karaton

Dhandhanggula

unggyanira mêmatut mrih manis / datan adèn sing dahat kadadak / kamipaksa pangapuse / tan mringsamingsra. wosing wuwus / wus pinêsu labaning langip / kinlamar mudhadama / wuta tatèng têmbung / mangolah ing lêlungidan / sêpên sêmu sêpa sêpi tanpa sari / sumangup lir sarjana //

gêgarane gagah nêdhak sungging / saking Sêrat Giyanti sajuga / awit pinèt ing pênête /

--- 30 ---

gandhèng lan boyongipun / Kartasura pindhah ing nguni / mring nagri Surakarta / jangkêp nitikipun / mangkana purwaning kata / dene kôntha-kanthane ingkang nagari / anelad Kartasura //

paripurnaning pangupakarti / Adipati Pringgalaya lawan / Sindurêja marêg age / ing ngarsa sang aprabu / tur uninga sampating kardi / gènnya badheni pura / wau sang aprabu / gya dhawuhkên tata-tata / anêtêpi adat watoning narpati / lamun angalih praja //

wusnya samêkta salir piranti / sri narendra lawan prameswara / putra putri sadayane / ngrasuk busana luhung / kang pinatik ing sêsotyadi / sorote pindha laban / sêsiring sumunu / dahat lêngêng sinatmata / atanapi badhaya manggung myang srimpi / wus maharjèng busana //

garwanipun nindya mantri kalih / miwah garwaning para pangeran / bupati sapanêkare / ngrasuk busana sampun / sowan pêpak nèng dalêm puri / nata ngagêm basahan / dene pra tumênggung / jro praja môncanagara / myang pasisir risang mantrimuka kalih / tanapi wadyabala //

[Grafik]

Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkunagara VII Sakalihan Kangjêng Ratu Timur.

wong Kumpêni pêpakan anangkil / ambêlabar anèng pagêlaran / santana pangeran andhèr / basahan agêmipun / lir panjrahing kang puspitadi / sing pelaging busana / wau sang aprabu / lan pramèswari [pra...]

--- 31 ---

[...mèswari] narendra / miyos saking kadhatyan têdhak sitinggil / ingayap pra biyada //biyadha.

sigra jêngkar saking Kartawani / ngalih kadhaton mring dhusun Sala / kêbut sawadyabalane / busêkan saprajagung / pinèngêtan angkating nguni / anuju ari Buda / enjing wancinipun / wimbaning lèk ping sapta wlas / Sura Êje kombuling pudya kapyarsi / ing nata kang sangkala // (1670).Sengkalan: kombuling pudya kapyarsi ing nata (Rabu, 17 Sura 1670 A.J., Sabtu, 20 Februari 1745 A.D.) [PERIKSA, hasil BEDA].

têdhakira kangjêng sang siniwi / pra prajurit Kumpêni lan Jawa / urmat drèl atri swarane / sinauran mriyêm gung / magênturan anggêgêtêri / slomprèt tambur musik lan / suling bêndhe barung / monggang kodhokngorèk ngangkang / carabalèn pradôngga munya ngêranginngrêrangin (dan di tempat lain). / orêg wong sanagara //

kapiyarsa swaraning kang janmi / barung lawan tabuhan mawarna / drèl sanjata mriyêm gêdhe / pangriking turônggagung / kadya bêlah kang jagad katri / wauta winursita / patrap lampahipun / jêngkarnya sri naradipa / kang nèng ngarsa badhe wringin kurung nagri / bêktan sing Kartasura //

wuri nulya kang bangsal pangrawit / ngusung wêwêtahan ngayab wadya / dwipôngga ngayap sratine / kuda titihan prabu / abdi gamêl kang anjajari / wurinya pra punggawa / mantri myang panèwu / bupati nayaka jaba / anon-anon nitih kuda [ku...]

--- 32 ---

[...da] dèn songsongi / ngiring pacara wadya //

tinindhihan sang anindya mantri / kang ingayap prajurit myang wadya / sangkêp saupacarane / gya Kumpêni sumambung / prajurite samya lumaris / cacah gangsal brêgada / mayor tindhihipun / wahana turôngga jajar / lawan Kangjêng Gusti Pangeran Dipati / Anom Mangkunagara //

nulya pangulu ngulama kêtib / juru suranata myang pradikan / ingkang sumambung wurine / pusaka namanipun / Cêngkal Baladewa Kiyai / nulya para pangeran / gya titihan prabu / rata ingayap kaparak / kanan kering amangangge sarwa abrit / ngampil-ampil pacara //

Banyakdhalang lawan sawunggaling / ardawalepaardawalika. sêsaminira / tinindhihan bupatine / wuri ingkang sumambung / tandhu joli jêmpana adi / sumrêk sêlar-sêluran / tan anggop lumintu / yèku ingkang tinitihan / pramèswari miwah sagunging pra putri / myang swamining punggawa //

abdi dalêm gêdhong kanan kering / abdi kraton panandhon tan têbah / bupati gêdhong tindhihe / angayap ngurung-urung / wuri ingkang sumambung malih / pusaka kraton Jawa / kathah warninipun / winadhahan ing kandhaga / sinongsongan jênar ingapit prajurit / ingkang sumambung wuntat //

pra prajurit wahana turanggi / nulya sagunging [sagung...]

--- 33 ---

[...ing] para bupatya / pasisir môncanagrine / saupacaranipun / nitih kuda dipun songsongi / bandera myang daludag / miwah payung agung / maneka warnabra sinang / angêrangin pradangganing pra bupati / tinabuh urut marga //

binarungan musikan Kumpêni / slomprèt tambur suling bêndhe kêndhang / umyung gumuruh swarane / lampahing wadya sêlur / langkung sêsêg ngèbêki margi / bêlabar mring rahara / kuda cacahipun / gangsal lêksa winatara / gunging wadya sing mandrawa yèn kaèksi / kadi samodra wutah //

apuyêngan solahing wadyalit / kang boyongan tumuturing nata / adaya-daya sêdyane / umyung dènnya sung-usung / rêreyongan samargi-margi / ya ta sapraptanira / ing Sala sang prabu / bangsal pêngrawit ingêtrap / anèng tarub paglaran kang wus rinakit / bala andhèr sumewa //

nata lênggah ing bangsal pangrawit / para upsir kalawan kumêndhan / samya ngadêg nèng kanane / bangsal lênggahan prabu / pra prajurit banjêng abaris / Kumpêni miwah Jawa / aneng alun-alun / sri narendralon ngandika / dhusun Sala ingalih nama nagari / Surakartadiningrat //

ki pangulu ngulama lan kêtib / sigra donga wilujênging praja / jêng sri nata dhawuhake / nanêm waringin kurung / wringin kang lèr ingkang [ing...]

--- 34 ---

[...kang] jênêngi / kalih sang mantrimuka / dene kanthinipun / bupati bêkêl nayaka / kang jênêngi wringin kidul wadananing / bupati môncapraja //

ri sampuning tinanêm kang wringin / kinurmatan drèl maryêm sanjata / Kumpêni Jawa arame / pradôngga munya umyung / barung tambur slomprèt lan suling / sang nata gya ngadhatyan / luwaran wadyagung / mring pondhoknya sowang-sowang / wong Kumpêni sinung pakuwon wetaning / lun-alun lèr kadhatyan //

têtêp prasida sri narapati / ngadhaton nèng nagri Surakarta / datan ana sangsayane / satata amêmangun / prayogane rakiting nagri / nadyan papaning Sala / alêdhok mandhukul / awit dening sinantosan / pra santana bupati punggawa mantri / samya atata wisma //

4. Sinuhun Kombul

Nalika karaton pindhah dhatêng Surakarta, Ngabèi Yasadipura dados abdi dalêm wontên ing kadipatèn. Manggènipun wontên ing kampung Kêdhungkol, katêlah dumugi sapriki karan kampung Yasadipuran. Anggènipun manggèn wontên ing ngriku punika awit saking dhawuhipun [dha...]

--- 35 ---

[...wuhipun] Pangeran Wijil, ngestokakên wêcaning wangsit nalikanipun sami manêkung wontên sawetaning rawa.

Wêkdal pindhahipun karaton punika, ing Surakarta dèrèng têntrêm. Ing pundi-pundi taksih kathah gegeran utawi kraman. Nalika taun Be 1672 Kangjêng Tuwan Gupêrnur Jendral G.W. Baron van Imhoff rawuh ing Surakarta, Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi, kalêrês rayi dalêm Ingkang Sinuhun II, lênggahipun bumi kalih èwu karya dipun suda. Punika anjalari kirang rênaning panggalih, têmahan lolos saking praja, lajêng ngadêgakên baris wontên ing tanah Sukawati. Kraman punika dangunipun ngantos 12 taun, kados ingkang kawrat wontên ing Sêrat Babad Giyanti, karanganipun Radèn Ngabèi Yasadipura. Wusananipun Kangjêng Pangeran Mangkubumi têtêp jumênêng sultan ing Ngayogyakarta, jêjuluk Sampeyan Dalêm Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana I. Wondene Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, jumênêng wontên ing Mangkunagaran, nêrahakên ngantos ingkang jumênêng sapunika.

Antawis gangsal taun saking adêgipun karaton Surakarta, [Surakar...]

--- 36 ---

[...ta,] nuju dintên Akad Kaliwon kaping 12 Sura Alip 1675, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan II surud, layon dalêm kasarèkakên dhatêng astana Lawiyan. Nalikanipun bandhosa badhe kalêbêtakên dhatêng kluwat, sanajan wau sampun dipun ukur saprayoginipun, ewadene sêsak. Satêmah kluwat dipun dhudhuk malih, dipun wiyarakên, sarêng sampun, bandhosa dipun lêbêtakên malih ewadene mêksa taksih sêsak. Makatên punika ngantos wongsal-wangsul, tansah sêsak kemawon.

Kawontênan punika sampun tamtu nuwuhakên prihatosing manah. Ngabèi Yasadipura, nalika sumêrêp kadadosan punika, ing batos tumut rudatos, lajêng nyingkir dhatêng papan ingkang sêpi, wontên ing ngriku mêsu puja brata. Katarimah pamêsunipun, sanalika angsal wêwêngan, wontênipun makatên, saking ingkang sinuhun botên kêrsa sumare wontên ing Lawiyan, Ngabèi Yasadipura tumuntên matur dhatêng Kangjêng Pangeran Arya Purubaya, wigatos ngaturakên pamanggih anggènipun mêntas manêkung.

Kangjêng Pangeran Purubaya tumuntên ngandika dhumatêng Ngabèi Tumênggung Sêcanagara mênggah wosing unjukipun, ing

--- 37 ---

sarèhning praja taksih kathah dahuru, kaparênga ingkang sinuhun sumare wontên ing Lawiyan rumiyin. Ing têmbe manawi praja sampun tata raharja badhe kapindhah kasarèkakên dhatêng astana Imagiri. Satêlasing unjukipun kyai mênggung, bandhosa kalêbêtakên dhatêng kaluwat malih. Sagêd lumêbêt kanthi gampil. Andadosakên kalêganipun ingkang andhèrèk mêtak layon dalêm.

Sarêng praja sampun wangsul karta raharja, layon dalêm Ingkang Sinuhun II kapindhah dhatêng astana Imagiri. Wiwit punika, ingkang sinuhun lajêng jêjuluk Sinuhun Kombul.

5. Pandung Sêkti

Sabibaripun palihan nagari, wiwit katingal rakêting karukunanipun ingkang sinuhun kangjêng sultan kalihan ingkang putra ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kados sampun ical raos tabêting panggalih. Kangjêng sultan tansah ngatingalakên sih katrêsnan saha mêmulih panggalih, murih lêstarining karukunan, ananging kangjêng susuhunan ingkang taksih katabêtan ing panggalih, kèngêtan nalika palihan nagari, dening wontên nalar ingkang dèrèng andadosakên [andado...]

--- 38 ---

[...sakên] panarimah ing panggalih, dados ing pagêdhongan taksih ngandhut wagêling panggalih.

Saking anggènipun ngangkah kasêmbadaning karsa, kangjêng sultan kaparêng nglairakên suraosing panggalih nêmbung nyênyawèni ingkang wayah kaponakan, inggih punika: Bandara Radèn Ajêng Sêntul, putri dalêm kangjêng susuhunan ingkang ôngka tiga, miyos saking garwa pangrêmbe. Mas Ajêng Rêtnadi. Bandara Radèn Ajêng Sêntul punika badhe kadhaupakên kalihan putra dalêm, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara. Kangjêng susuhunan rumaos èwêd aya, amargi manawi yêktosipun dèrèng karênan ing panggalih, nanging èwêd yèn badhe nampik, mila rêmbag punika namung sinanggi ing krami kemawon. Sabên dipun sêsêg ing rêmbag, kangjêng susuhunan tamtu sumados mawi sangsalan warni-warni. Bawanipun ngangkah lêstarining karukunan, kangjêng sultan nyabarakên ngantos salintiripun. Ananging bab punika kalajêng-lajêng, patêmbayan punika ingantosan tanpa wusana, têmahan kangjêng sultan lajêng mangrêtos manawi namung dipun enaki ing sarak. Awit saking punika kangjêng sultan tuwuh kirang rênaning panggalih, sanalika madêg suraning driya, ngantos botên ngèngêti kawusananipun. [ka...]

--- 39 ---

[...wusananipun.] Saking sangêting runtik, ngantos kacariyos ebar-ebaring pangandika makatên: lah iya sing sapa dadi jatukramane wayah ingsun Si Sêntul, ingsun anggêp dadi mungsuhe nagara Ngayogyakarta.

Kacariyos wontên santana dalêm kangjêng sultan, asma Pangeran Singasari, kawartos kangjêng pangeran punika sakalangkung sêkti môndraguna sagêd manjing ajur-ajèr. Nalika mirêng ebar-ebaripun kangjêng sultan, tuwuh ciptaning panggalih sumêdya lampah sandi dhatêng Surakarta mêndhêt Bandara Radèn Ajêng Sêntul. Tuwuhing cipta punika namung sêdya labuh ing gustinipun, sagêda kangjêng sultan kalêgan ing panggalih. Kabêkta ing kaprawiranipun, tindakipun kangjêng pangeran tanpa kanthi sarta botên wontên ingkang nyumêrêpi.

Anuju ing wanci dalu wiwit sontên jawahipun anggarêjèh tanpa kèndêl. Ing langit pêtêngipun andhêdhêt, lintang-lintang botên wontên ingkang katingal, têtiyang sampun tanpa sabawa. Tlêthoking jawah ingkang dhumawah ing ron-ronan sarta sumribiting angin, mêwahi sêpining dalu. Namung kala-kala pirêng swaraning pêksi kolik sarta tuhu sêsauran, ingkang saya damêl nyênyêting dalu.

Ing salêtêtingsalêbêting (dan di tempat lain). balowarti Surakarta beda lan padatanipun, [padata...]

--- 40 ---

[...nipun,] sampun dangu botên kapirêng sabawaning tiyang. Ing nalika punika abdi dalêm ingkang caos Radèn Tumênggung Kartanagara kanthi kaliwonipun Ngabèi Yasadipura. Kala mirêng swaraning kolik sarta tuhu ingkang sêsauran, tuwuh kuwatosing manah, ing batos ngintên sajak wontên punapa-punapa, awit saking punika priyantun kêkalih lajêng nganglang ngubêngi kadhaton. Ing papan ingkang lindhuk-lindhuk dipun tuwèni, bokbilih wontên punapa-punapa, mèh kêmput anggènipun sami nganglang mêksa botên mrangguli kawontênan ingkang nyalawados. Abdi dalêm sanèsipun ingkang sami tungguk dipun gobyag, ingkang tilêm sami dipun gigahi. Wasana lampahipun priyantun kêkalih dumugi ing pabandêngan. Wontên ing ngriku wuluning badan anjêgrig, githokipun sami mangkirig. Kêkalihipun saya pasang kaprayitnan, sami matak aji pangawasan. Wasana ing pojok ingkang lindhuk sumêrêp galibêding tiyang, ingkang sêmunipun kadêngangan anggènipun sawêg andhodhok.

Tiyang ingkang nyalawados punika dipun purugi, saya cêlak lampahipun saya ngatos-atos. Nanging anèh, ing ngriku dipun ubrês sarta dipun coloki botên [bo...]

--- 41 ---

[...tên] wontên tiyang jumamut. Kados-kados tiyang ingkang nyalawados punika ngical saestha nyiluman. Sarêng têtela botên wontên, Radèn Tumênggung Kartanagara kalihan Ngabèi Yasadipura cêngkelak wangsul dhatêng kaputrèn, anjujug dhatêng kamar pasareanipun Bandara Radèn Ajêng Sêntul, sapintên kagètipun dene dumuginipun ing ngriku mrangguli tiyang bagus anèm andhêpèpèl ing kontên. Têtela ingkang sumêrêp bilih punika tiyang ingkang botên nêdya sae. Tiyang ingkang nyalawados punika nalika dipun tubruk milar sagêd ngoncati. Satêmah lajêng ubêr-ubêran, satunggal dipun but kalih, dados pôncakara rame, katanggor sami sêktinipun. Warni-warni anggènipun sami ngêdalakên pangabaran sarta kasêktèn, bawaning karoban lawan, tiyang ingkang nyalawados punika sagêd kapikut, kanthi nandhang labêt kupingipun pêrung satunggal.

Sarêng sampun dados tawanan, têtela bilih tiyang ingkang nyalawados punika Kangjêng Pangeran Singasari. Sasampunipun nuntên kaunjukakên ing saandhap sampeyan dalêm. Dhawuh timbalan dalêm, Pangeran Singasari kadhawuhan ngantukakên dhatêng Ngayogya katur rama dalêm. Dene

--- 42 ---

ingkang kautus Radèn Tumênggung Kartanagara.

Sadumuginipun ing Ngayogya, Pangeran Singasari sampun konjuk ing ngarsa dalêm kangjêng sultan. Sapintên kagèting panggalih dalêm botên winiraos, amargi botên ngintên yèn Pangeran Singasari tumindak kados makatên, ngantos nêmahi pêrung talinganipun satunggal. Runtiking panggalih dalêm botên kawistara, pangandika dalêm: He, Kartanagara, sira matura anak prabu ing Surakarta, bangêt andadèkake pangunguning panggalih ingsun, dene ana lêlakon kang kaya mangkono. Ingsun wong tuwa babar pisan ora ngrêti.

[Grafik]

Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Pangarsa Komite Surakarta 200 taun.

Radèn Tumênggung Kartanagara sampun anggraita yèn badhe wontên kadadosan ingkang botên sae. Mantukipun mampir ing kadipatèn, parlu mêndhêt kagungan dalêm titihan nanthikanthi. gêdhogan dalah tiyang ingkang têngga kabuntêl ing kacu, lajêng dipun kanthongi sarêng lampahipun dumugi ing alun-alun sumêrêp wadyabala mirantos ing dêdamêl nyêgat antukipun. Radèn Tumênggung Kartanagara badhe dipun karubut ing akathah. Wêkdal dipun kêpung ing wadyabala, radèn tumênggung matak aji panglemunan, andadosakên bawuring paningalipun wadya ingkang sami ngadhang. Radèn tumênggung sagêd lolos [lolo...]

--- 43 ---

[...s] saking barisanipun wadyabala ingkang sami nyêgat, wilujêng lampahipun dumugi ing Prambanan. Wontên ing ngriku bêktanipun dipun tuwèni, buntêlan dipun wêdalakên saking kathonganing rasukan, kacu lajêng dipun uculi: kapal, gêdhogan sarta têngganipun taksih, sangêt andadosakên ing bingahipun.

Enggaling cariyos lampahing utusan dalêm sampun dumugi ing Surakarta, tumuntên sowan ing ngarsa dalêm kangjêng susuhunan. Sadaya lêlampahanipun konjuk sadaya andadosakên suka pirênaning panggalih dalêm. Makatên ugi angsal-angsalanipun ingkang dipun kanthongi ugi dipun unjukakên. Gêdhogan punika lajêng dipun dêgakên wontên salêbêting kadhaton Surakarta kangge pèngêtan, sarta malih abdi ingkang dados tênggan, run-tumurun wontên ing Surakarta ngantos sapriki. Radèn tumênggung wiwit punika lajêng kaparingan karan: Kartanagara Sêkti.

Ing pawingkingipun Pangeran Singasari punika maguru dhatêng Ngabèi Yasadipura. Saking kasoking katrêsnanipun dhatêng guru, nalika sugêngipun tilar wêling, benjing manawi seda supados katunggilakên kalihan gurunipun. Kalampahan [Kalampah...]

--- 44 ---

[...an] sarêng sampun seda, sumarenipun Pangeran Singasari wontên ing Pêngging, sacêlaking pasareanipun Kyai Ngabèi Yasadipura.

6. Labuh ing Ratu Gusti

Ebar-ebaripun kangjêng sultan sabab anggènipun sinanggi ing krami, saya dangu saya sumêbar, ngantos dumugi nagari Surakarta, kamirêngan ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Andadosakên kampitaning panggalih dalêm, ketang wêlas ing putra sampun yuswa 35 taun dèrèng wontên pacanganipun, namung margi saking giris mirêng wêdharing ebar-ebaripun kangjêng sultan.

Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan rumaos kèmêngan ing galih, mila lajêng nimbali Ngabèi Yasadipura. Ingkang sampun kacêtha sugih guna sarana sarta pintêr olah yogyapara, ingkang murih wilujêngipun praja sarta kawula sadaya. Sasampunipun sowan lajêng kadhawuhan ingkang dados ribênging panggalih dalêm.

Unjukipun Ngabèi Yasadipura: Kawula nuwun, gusti, awit saking dhawuh timbalan dalêm punika, ing mangke abdi dalêm kawula lajêng kèngêtan. Suwargi paman jêngandika [jêngandi...]

--- 45 ---

[...ka] Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya punika salaminipun atut wingking ingkang rayi, inggih punika rama dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan. Sapurug-purug salêbêtipun mangun pêrang, ngantos kalampahan seda sahid wontên ing Kaliabu, namung saking anggènipun anglabêti rama dalêm kangjêng sultan. Ingkang makatên wau gusti, rama dalêm rumaos kapotangan ing sih katrêsnan tuwin kasaenanipun sadhèrèk sêpuh. Mila samangke sawêg angingsêp-ingsêp pawartos, ngupadosi darahipun paman jêngandika wau, parlu badhe dipun walês ing kamulyan tuwin kasaenan. Nanging ngantos sapriki, dèrèng sagêd pinanggih, jalaran para putrinipun paman jêngandika Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya wau sami amêndhêmkula.amêndhêmkula = anamurkula "menyamar". Ing samangke saking pamanggih kawula, manawi sampeyan dalêm kaparêng angukup putranipun paman jêngandika wau minôngka pamomongipun putra jêngandika Radèn Ajêng Sêntul, saking pangintên kawula sagêd nyirêp dêduka dalêm kangjêng sultan, sèwu sokur sagêd larut babar pisan. Amargi yêktosipun ingkang kagungan wajib anggalih para putra Adiwijayan punika rama dalêm. Mila saking pamanggih kawula, inggih namung makatên punika gusti, ingkang kenging minôngka sarananipun [sarananipu...]

--- 46 ---

[...n] Sapisan: para putranipun paman jêngandika punika kalêbêt santana cêlak, dados taksih nama: darahing kusuma, kaping kalih darahing prawira. Dados mênggahing pamilih inggih botên nama pêpuwungan. Môngka kawujudanipun inggih botên nguciwani, ewadene abdi dalêm kawula inggih namung nyumanggakakên ing saandhap panjênêngan dalêm.

Wasana dhawuh timbalan dalêm ingkang sinuhun: Yasadipura, ingsun bangêt karênan midhangêtake unjukira iku, nanging sarèhning anak-anake paman Pangeran Arya Adiwijaya iku padha mêndhêmkula, ora karuhan dhodhok sèlèhe, mêsthine andadak diupaya kang durung mêsthi katêmune. Iku mung bakal dadi pangati-ati bae, marga pikramane putraningsun bisaa tumuli kalakon.

Unjukipun Ngabèi Yasadipura: Kawula nuwun gusti, manawi panjênêngan dalêm sampun marêngakên unjuk kawula, prakawis punika gampil kalampahanipun. Amargi putra têtilaranipun paman jêngandika wau, sapunika dados mantu kawula nama Sumawijaya. Sanajana makatên, kados botên wontên pakèwêdipun kapisahakên, amargi kangge parluning praja.

--- 47 ---

Dhawuh timbalan dalêm: Yasadipura, bangêt panarimaningsun marang sira, dene samono anggonira labuh ing panjênênganingsun, nganti sira ngurbanake butuhira dhewe, sira anggo nyukupi parluning praja. Mulane prakara iki dak pasrahake ing sira, kalakone rêmbugên karo Si Adipati Danuningrat.

Kacariyos, saunduripun Ngabèi Yasadipura saking ngarsa dalêm, lajêng manggihi ingkang putra mantu Radèn Sumawijaya, kadhawuhakên sadaya ingkang dados kaparêngipun karsa dalêm, kalayan kasêrêpakên parlunipun. Radèn Sumawijaya nalika punika sawêg nêdhênging sih-sinihan kalihan ingkang garwa, môngka badhe kapêksa pisahipun, mila sakalangkung awrat anggènipun nyandikani, nanging kabêkta ajrih dhawuh dalêm sarta pamêksaning marasêpuh, wusana matur sandika anglampahi. Namung mawi darbe panuwun. Sadhèrèkipun nama Radèn Sumadiwirya ingkang sapunika manggèn wontên padhusunan bawah kitha Panaraga, kasuwunakên sagêda kaparingan tariman putri dalêm pisan.

Botên kasêbutakên rêroncènipun, cêkaking cariyos sampun sami kalampahan sadaya. Andadosakên kaparêngipun panggalih dalêm. Putra Adiwijayan [Adiwi...]

--- 48 ---

[...jayan] kalih pisan sami angsal tariman putri dalêm, ingkang sêpuh Radèn Sumawijaya, dhaup kalihan Bandara Radèn Ajêng Sêntul, dene ingkang anèm Radèn Sumadiwirya dhaup kalihan Bandara Radèn Ajêng Jêmprit. Kalih pisan kasarêng panggihipun, mawi pamiwahan sarta pasamuwan agêng-agêngan.

Pikramanipun putri dalêm kalih punika saking karna binandhung sarta lidhah sinambung, kamirêngan saking nagari Ngayogyakarta. Kangjêng sultan sakalangkung ngungun ing panggalih, dene putra têtilaranipun ingkang raka Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, ingkang salaminipun kaupadosan botên pinanggih, samangke sampun kalampahan dhaup kalihan ingkang wayah Bandara Radèn Ajêng Sêntul. Sanalika dêdukanipun larut kados sinaponan. Malah lajêng karônta-rônta ing panggalih, kèngêtan lêlabêtanipun suwargi ingkang raka, rumaos kaluhuran kautamaning panggalih kalihan ingkang putra kangjêng sinuhun ing Surakarta. Malah lajêng utusan ngaturi sêrat, ingkang suraos mêmêlamêmêlas. amêmalatsih, ngalêmbana dhatêng kawicaksananipun ingkang putra tuwin mêdharakên sukarêna saha panarimah ing galih, kanthi ngintuni pasumbang sakalangkung kathah.

--- 49 ---

Salajêngipun Radèn Sumawijaya kawisudha dados wadana nayaka agêng, kapatêdhan nama: Radèn Mas Tumênggung Arya Kusumadiningrat. Dene Radèn Sumadiwirya, kawisudha dados Bupati Panaraga, kapatêdhan nama: Radèn Mas Tumênggung Arya Wiryadiningrat.

Awit saking kasok kaprananing panggalih dalêm kangjêng sultan, kabêkta midhangêt wontênipun putra Adiwijayan kêkalih sami katariman putri dalêm wau awit saking unjukipun Ngabèi Yasadipura. Mila Ngabèi Yasadipura lajêng dipun suwun dhatêng ingkang putra katimbalan dhatêng Ngayogyakarta.

Kalampahan sowanipun Ngabèi Yasadipura dhatêng Ngayogyakarta, mawi ngunjukakên Sêrat Nitik: pèngêtan lêlampahan dalêm kangjêng sultan, wiwit miyos dumugi kawontênanipun nalika punika. Punika saya mêwahi andadosakên rêna saha lêganing panggalih dalêm. Mila Ngabèi Yasadipura lajêng dipun paringi ganjaran arta busana sakalangkung kathah, sarta kaparingan ganjaran siti pamijèn, kadhawuhan milih: pundi ingkang dados panujuning manah. Aturipun Ngabèi Yasadipura sakalangkung nuwun kapundhi, saha lajêng milih nyuwun siti ing Pêngging Ngaliyan, ing nalika [na...]

--- 50 ---

[...lika] samantên tumut kabawah ing Ngayogyakarta. Ingkang sinuhun kangjêng sultan marêngakên kalihan suka rênaning panggalih, mawi kasêksèkakên dhatêng ingkang putra kangjêng susuhunan ing Surakarta. Salajêngipun siti wau kangge pakuburanipun Ngabèi Yasadipura sawarisipun.

8. Salêbêtipun Jaman Pakêpung I

MêgahMênggah. ingkang nama Pakêpung punika lêlampahan nalika jaman Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV, nuju taun Jimawal 1717. Wêkdal punika karaton Surakarta kinêpung wakul binaya mangap kalihan wadya Kumpêni, prajurit pasisir sarta Ngayogyakarta.

Miturut dêdongenganipun, wontênipun ngantos tuwuh nalar ingkang kados makatên, awit saking pandamêlipun guru dalêm têtiga, inggih punika: Bahman, Nur Salèh sarta Tumênggung Wiradigda, kanthi muridipun malih sakawan: Tumênggung Wirarêja, Tumênggung Sujanapura, Kandhuruwan tuwin Panêngah. Têtiyang pitu punika nêbu sauyun, sampun saeka kapti nêdya anggêlar daya prabawa, murih têtiyang sapraja dalah ingkang sinuhun kawêngku wontên ing panguwaosipun. [pangu...]

--- 51 ---

[...waosipun.]

Nalika samantên yuswa dalêm sawêg 23 taun, dèrèng dangu anggènipun jumênêng nata. Bawanipun nata mudha, gampil kadayan rêmbag manis sarta pamiluta alus. Awit saking pamanggih dalêm kagiwang sangêt dhatêng guru dalêm, têtiyang punika prasasat andhêpani praja. Panguwaosipun agêng, sagêd damêl abang biruning kawontênan, dados saciptanipun, kadumugèn sasêdyanipun. Kêmatipun anggêgirisi, gêndamipun ngedab-edabakên, ngantos ingkang sinuhun namung nglubèrakên sih wilasa ingkang tanpa upami. Sanajan atur unjukipun neka-neka pisan tansah andadosakên kaparênging panggalih dalêm.

Awit saking makatên, guru dalêm punika gampil sangêt damêl piawon dhatêng sanès ingkang sakintên mêmalangi sêdyanipun. Kalampahan wontên abdi dalêm bupati nayaka kalih, Tumênggung Mangkuyuda sarta Tumênggung Pringgalaya, kaundur saking kalênggahanipun tanpa kalêpatan, kasantunan Wiradigda sarta Sujanapura, sami muridipun Bahman sarta Nur Salèh.

Têtiyang sa-Surakarta sampun korup dhatêng guru têtiga

--- 52 ---

punika, sami malêbêt dados muridipun. Namung têtiyang sawetan alun-alun ingkang kêkah piandêlipun, botên kengguh dhatêng pangaribawanipun têtiyang lamis punika. Rahayu dene praja Surakarta taksih wontên sêsêpuh ingkang tinari-tari, inggih punika:

Ha: Kangjêng Pangeran Arya Purubaya, rama paman dalêm, ingkang dalêmipun sapriki lêstantun nama Purbayan.

Na: Radèn Ngabèi Yasadipura I, abdi dalêm kaliwon pujôngga sarta êmban dalêm wiwit timur mila.

Sanajan tumrap rêmbag ingkang parlu-parlu botên tinilar, ewadene kêkalihipun prasasat siningkur. Kabêkta saking pokalipun guru dalêm ingkang tansah ngandhut gêgêbêngan awon, sarta ingkang tansah pasang dirgama rungsid, ingkang têmahanipun badhe nuwuhakên rêtuning praja sarta pêrang gêgêmpuran.

Kangjêng Pangeran Arya Purubaya kalihan Ngabèi Yasadipura, mangrêtos dhatêng gêgêbênganipun para durhaka sadaya, mila tansah rekadaya murih ingkang sinuhun sampun ngantos manggih rubeda satunggal punapa. Sanajan sampun kawon prabawa, dayaning manah suci sarta budi ingkang burus, ing têmbenipun sagêd katitik sapintên labêtipun [labêtipu...]

--- 53 ---

[...n] dhatêng praja. Manawi dipun wawas, ing karaton dalêm kala samantên wontên golongan kêkalih ingkang cêngkah ancasipun sarta abên prabawa, inggih punika: golongan guru dalêm samuridipun, ingkang tansah nandukakên darubêksi, kalihan golongan Yasadipuran, ingkang mamrih rahayuning praja.

Mênggah sababipun dene Bahman sakancanipun nuwuhakên rêtuning praja, saking awoning gêdhohanipun ingkang tansah ngicuk-icuk sarta nandukakên dora sêmbada, ngêndêlakên jaya kawijayan tuwin guna kasantikanipun. Guru dalêm punika gadhah sêdya awon, nêdya mêngsah panguwaos Walandi, saha wangsulipun bumi Ngayogyakarta. Awit saking punika ingkang kataman botên namung Kumpêni, ananging ugi anggayut dhatêng karaton Ngayogyakarta. Wola-wali anggènipun ngumbar sanggup, sagah mangsulakên saindênging tanah Jawi, sagêdipun karèh ing sang nata.

Ing sêrat: Wicara Kêras, kaca 7-9 wontên andharanipun ingkang anggêpok Wiradigda sakancanipun, ungêlipun makatên:

Sinom

kaya alam Wiradigda / lali kalamun wong cilik / kudu angowahi adat / ambubrah janji wus dadi / amêmpêng [a...]

--- 54 ---

[...mêmpêng] kudu jurit / sêsumbare bisa mabur / saguh lamun malumpat / bêngawane wong Sêmanggi / kabèh obat ing loji pan dadya toya //

lawan ujare wong kathah / kabèh pra muridirèki / Nur Salèh kalawan Bahman / sayêktine jaman iki / ajana guru mami / nagara iki wus ancur / kalamun dèn anggêpa / kature marang sang aji / mung dinumuk bubrah loji ing Sêmarang //

Kêndhuruwan Wiradigda / awisma anèng nagari / yèn nora dadi wadana / pasthi dalajating bumi / yèn karsane sang aji / karone dadi tumênggung / ing Bantên Balambangan / ngumpul mring Surakartèki / nadyan Bali Sumbawa Bugis Makasar //

pasthi tundhuk marang Sala / padha asok bulu bêkti / nora lawan pinukul prang / miwah ing Batawi miris / marang Surakartèki / jendrale gawa pisungsung / lamun padha bônggaa / masa ngobahêna têki / gêntholikêm kang bêdhah loji Sêmarang //

dene wong kang ahli jôngka / ngarani Radèn Misani / iku Radèn Wiradigda / anggêpe wus nora gimir / mulane dèn pêpêtri / ambalilu wong angantuk / balithuk ing nagara / agawe wutahing gêtih / wêkasane ting calulu nora pakra //

Dhandhanggula

ilang cinucuki dhandhang putih / sigra ginawa muluk ngambara /

--- 55 ---

wong lima iku rewange / pikire ting salinthut / kudu nyathut Sultan Giyanti / durung kongsi tumêka / sêlak amrakungkung / sinuhun i Kabanaran / wus têtela lamun lêlananging bumi / ing mêngko durung ana //

mung ing kuna akèh kang ngungkuli / yèn ing mêngko masa ta anaa / prandene kudu mathènthèng / wani tinandhing saguh / mulane ta ana bupati / aran Sujanapura / Tumênggung Ngalindur / karêpe amadhanana / duk timure iya Sultan Mangkubumi / aran Dèn Mas Sujana //

ting baliyur dhikire wong ngutil / iya têka dèn anggêp nagara / lagya kabul istijrate / ngèlmu karang kinêlun / dudu ngèlmu ingkang sajati / tur ta masa mèmpêra / Ki Agêng rumuhun / Ngandul Mukiyi ing Karang / mung nalare anasak pating bêsasik / rusak angajak-ajak //

Nalika wulan Sura Jimawal 1717 Idêlèr Jen Gredhe rawuh dhatêng Surakarta sarta Ngayogyakarta, dados utusanipun Kumpêni, wigatos ngrêmbag ruwêt rêntêngipun praja. Sarta nyuwun dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan karsaa masrahakên Bahman, Nur Salèh, Wiradigda, Panêngah sarta Kandhuruwan. Amargi têtiyang punika ingkang

--- 56 ---

mijèni raos pêthalipun kalihan Kumpêni. Manawi ingkang sinuhun puguh angêkahi, praja Surakarta badhe linawan ing pupuh.

Panêdhanipun Tuwan Dêlèr Jen Gredhe ingkang makatên punika ugi sampun dipun sayogyani Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana I. Emanipun dene botên andadosakên kaparêng dalêm kangjêng susuhunan, sabên-sabên dipun sêsêg ing rêmbag, panggalih dalêm owêl maringakên Bahman sakancanipun dhatêng panguwaos Walandi. Ngantos sawangsulipun tuwan dêlèr dhatêng Samarang, ngambali malih ngaturakên sêrat pamungkas, suraosipun kados ingkang sampun-sampun, kanthi pancasan mawanti-wanti, supados têtiyang ingkang damêl lêtuhingrêtuning. praja tuwin dados durnanipun panjênêngan dalêm nata, enggal-enggal kaulungakên dhatêng Kumpêni.

Salêbêtipun Tuwan Jan Gredhe ngêntosi wangsulipun sêrat, sampun siyaga mêpak wadyabala, kangge jagi-jagi ngrampit kitha Surakarta.

Tumênggung Wiradigda kalihan Panêngah ugi sampun damêl ngèngrèng sêrat wangsulan dhatêng Kumpêni. Ngèngrèng punika kapurih macak Radèn Rônggawarsita I. Inggih punika putranipun [putrani...]

--- 57 ---

[...pun] Ngabèi Yasadipura I, ingkang pawingkingipun asma Radèn Tumênggung Sastranagara. Anèhipun dene Radèn Rônggawarsita botên purun macak, sangêt-sangêt pamoponipun, aturipun aluwung pinêjahana tinimbang nglampahi dhawuhipun Tumênggung Wiradigda. Awit saking punika, wêkdalipun ngantos kasèp sangêt, Kumpêni dèrèng nampèni wangsulan, mila kapêksa ngangkatakên wadyabala, dipun kêrigakên dhatêng Surakarta.

Nuju ing wanci dalu, tiyang tiga: Bahman, Nur Salèh, sarta Panêngah badhe ambêsêm loji. Lampahipun saking alun-alun mangetan mêdal Bathangan, sami mirantos gandhewa sapanahipun. Panahipun dipun kanthil-kanthili upêt sêpêt. Tiyang tiga marambah-rambah anggènipun anglêpasakên panah. Panah latu punika wontên ingkang ngengingi payon, nalusup ing sirab, lan ugi kathah ingkang dhawah saênggèn-ênggènipun. Upêt sêpêt punika murub ambêsêm sirab, andadosakên kagegeranipun Kumpêni ingkang jagi. Rahayunipun dene latu enggal sagêd dipun sirêp, Kumpêni siyaga ing pakèwêd, ngrakit mariyêm ing loji dipun pasang majêng mangidul, ngênêr papan pinangkanipun panah latu.

--- 58 ---

Tiyang tiga nuntên lumajêng sipat kuping, napasipun ngangsur-angsur, dumugi ing alun-alun andhêlik dhatêng waringin sêngkêran, malêbêt dhatêng pancak suji. Dèrèng ngantos aring napasipun, katungka wontên tiyang ambêkta êting saking wetan. Tiyang ingkang ambêkta êting punika kengkenanipun tiyang tiga wau, kapurih nêlik dhatêng griyanipun Ngabèi Yasadipura. Sasampunipun dumugi ing waringin sêngkêran dipun êndhêg, êtingipun kapurih mêjahi.

Nalika dipun takèni, wangsulanipun têlik makatên: Kula saèstu sampun dhatêng Yasadipuran, ing ngrika sampun kangahkathah. para bupati Ngayoja sami lampah dhêdhêmitan, ingkang barisipun sampun dumugi Dêlanggu.

La, apa sing dirêmbug.

Wangsulanipun têlik: Ki ngabèi wicantên: Besuk yèn Panêngah, Bahman lan Nur Salèh ora bisa gawe pangabaran gêni sagunung, padha rampogên ing ngakèh, kanggo apa wong-wong iku. Si Bandhol angrompol gawe rusak angajak-ajak.

[Grafik]

Pangrèh Kumite Darah Yasadipuran I

Ingkang lênggah saking kiwa manêngên:

R. Ng. Wignyasukaya, hartaka II,

R. Ng. Sumawiraya, hartaka I,

R. Ng. Arjadipraja, pangarsa,

R. Ng. Yasapuraya, mudha pangarsa, ngrangkêp panitya pustaka warti,

R. Ng. Andayadipraja, Panitra I ngrangkêp panitya pustaka warti,

R. Ng. Mangun Sugyarta, Panitra II,

Ingkang ngadêg saking kiwa manêngên:

R. D. Tata Wardaya, panitya,

R. Sastrawaluya, panitya ngrangkêp panitya pustaka warti,

R. Ng. Artadarsana, panitya,

R. Ng. Wignyawiryana, panitya ngrangkêp panitya pustaka warti,

R. M. Ng. Wirasugita, panitya,

R. Wignyasarjana, panitya,

R. Jayaniman, panitya,

R. Ng. Ônggapradata, panitya,

R. Ng. Yasawarsita, panitya,

R. Marsapranata, panitya ngrangkêp panitya pustaka warti,

R. Ng. Prajaartana, panitya,

R. Ng. Mangundipraja, panitya,

R. Ng. Mardyapranata,

R. Yasawiyata, panitya ngrangkêp panitya pustaka warti,

R. Sastradarsana, panitya,

R. Sastrasumarta, panitya ngrangkêp panitya pustaka warti (ngarang saha andhapuk),

R. M. Sudarmadi, panitya,

R. Suharta Adiwardaya, panitya,

R. L. Atmaudyana, Adpisir, pangarsa paguyuban darah Tus Pajang (Yasadipuran I),

Dene ingkang botên kalêbêt ing gambar namung Radèn Ngabèi Dartawarsita asisten wadana kitha Klathèn.

Ki Nur Salèh wicantên dhatêng kancanipun: Rumiyin mila kula lak sampun suka rêmbag, sadaya abdi dalêm ingkang mêmalangi, supados kasingkirakên saking praja, mindhak [mindha...]

--- 59 ---

[...k] amêmurung lampah.

Panêngah: kula inggih sampun munjuk sang prabu, langkung saking kaping sadasa anggèn kula munjuk. Nanging kadospundi malih, ingkang sinuhun namung nyanggupi kemawon.

Wiradigda sumambêt: Mêsthi bae unjuke kakang Panêngah iku ora kagêm, lha wong didhawuhi anjênêngake mantri Si Dhêlong, nganti pitung dina ora ana kabul kawuse. Nganti jam lima sore uwa Bèi Yasadipura katimbalan ngandikan. Nalika dipundhuti anjênêngake mantri Si Dhêlong, mung saênyèk bae wis bisa, aran: Gorawacana. Nalika anjênêngake abdi dalêm nganti wong patang puluh, mung sak êjam uwa bèi wis rampung. Dadi sing kabangêtên iku rak kakang Panêngah. Anane ora olèh pangandêl iku saka ora kêna diandêl.

Dumugi samantên anggènipun rêrêmbagan sigêg, Tumênggung Wiradigda mantuk mangilèn dhatêng Panumping, dipun êtutakên kancanipun. Sadumuginipun ing griya, ngundang muridipun ingkang sampun dados abdi dalêm, inggih punika: Kandhuruwan sarta Rônggasupatra, sami dipun jak sarasehan rêmbag, anggènipun badhe nandukakên karti sampeka.

Kacariyos, wadyabala Kumpêni pintên-pintên èwu [è...]

--- 60 ---

[...wu] sampun dumugi ing Surakarta. Prajurit Makasar, Bugis, Kêling, ingkang nindhihi Dêlèrlatut Arêtman. Baris Madura sarta Sumênêp ingkang mangagêngi Mayor: Rèk, anjujug ing Mangkunagaran.

Dintên Kêmis tanggal kaping 10, Mulud, Jimawal 1717, baris Ngayogyakarta saking Gondhang Tangkisan sampun dumugi ing Dêlanggu, ingkang nindhihi Adipati Sindurêja, sadintên-dintên sêlur dhatêngipun wadyabala malêbêt kitha, mirantos dêdamêling jurit.

Kangjêng Pangeran Purubaya nimbali Ngabèi Yasadipura, dhatêngipun dipun panggihi wontên ing gêdhong kilèn.

: Yasadipura, kapriye dene katêmahan mangkene iki, apa kowe ora munjuk kaya wêlingku, ta.

: O, Gusti, botên kados anggèn kawula munjuk. Panjênêngan dalêm piyambak lêt kalih dintên inggih sowan malêbêt, punapa inggih botên matur.

: Aku iya matur dhewe. Nanging ... O ya talah, genea mangkene wusanane. Kapriye ta, pambobotmu.

: O, Gusti, sampun botên parlu dipun bobot malih,

--- 61 ---

bêbasanipun asor timbang. Praja mêsthi nêmahi karisakan.

Apa aku parlu matur manèh.

Sampun kasèp gusti. sampun botên parlu munjuk malih.

Lah, kapenake kapriye.

Prayogi damêl rekadaya sanès, murih manggih rahayu.

Kangjêng Pangeran Purubaya mèndêl angungun, katawis ing sêmu yèn nawung rudatosing galih.

9. Salêbêtipun Jaman Pakêpung II.

Bidhalipun barisan Ngayoja sampun malêbêt kitha. Lampahipun dumugi Nglawiyan, têrus mangetan dumugi ing Mangkuyudan, anjogipun ing Kadhawung. Wontên ing ngriku damêl pakuwon kangge lêrêm. Baris pasisir mêpak wadyabala ing Jurug sarta ing Sêmanggi. Dados kitha sampun têmu gêlang dipun rampit ing wadyabala.

Radèn Adipati Jayaningrat ngêmpalakên para bupati wontên ing pagêlaran, rêmbagipun eyung botên sagêd gumolong, malah têtah-tinêtah. Salêtêtipun [Salêtêti...]

--- 62 ---

[...pun] praja pating bilulung punika sang prabu punika miyos saking kadhaton kanthi namurkula, parlu badhe mriksa sarta matitisakên kabar ingkang damêl gêtêripun tiyang kathah. Jêngkaripun ingkang sinuhun punika saya damêl kuwuripun abdi sadaya. Polahipun tiyang kados gabah dipun intêri, ngalèr ngidul pating bilulung, tambuh paraning sêdya.

Wontên para nyai mlojang-mlajêng tawan-tawan tangis, kalihan andharindhil sosotipun: Dikêkêpruk Si Bahman. Dirampog sing gawe onar. Guru gêmbêlung, sugih umbag ngumbar sanggup. Didhêdhêplok ajur kumur-kumur.

Ing dhatulaya udan tangis, têtiyang sami uyang-uyung. Mêndhanipun sarêng katungka rawuh dalêm. Adipati Jayaningrat dalah para bupati ingandikan, sowanipun anjujug ing panêpèn.

Pangandika dalêm: Jayaningrat, kapriye dene kabrojolan, baris Kumpêni lan Ngayoja kok nganti bisa mlêbu kutha. Apa bocah bupati ora sira dhawuhi.

Kawula nuwun gusti, badhe ngundurakên kapaksa botên sagêd, saking tampining dhawuh sarana wêwangsitan satunggal-tunggal, dados tumindaking damêl sami kadho.

Pangandika dalêm kanggêg, dening katungka marakipun Nyai

--- 63 ---

Lurah Sêcanama, ingkang kautus nuwèni sowanipun abdi dalêm Kadipatèn.

Unjukipun Nyai Sêcanama: kawula nuwun gusti, ingkang kêmit namung pun bapa Yasadipura kalihan kancanipun mantri satunggal. Pun bapa sawêg ngeca-eca tilêm.

: Apa ora sira gugah.

: Kawula nuwun sampun. Nalika kawula gigah yèn wontên mêngsah dhatêng, tanginipun sajak sasêkecanipun, malah lajêng pitakèn makatên: Wiradigda lan Panêngah punapa taksih gêsang. Yèn taksih bonggan gawe timên. Kajêngipun mêngsah-mêngsah punika dipun damoni Bahman sakancanipun. Makatên gusti wangsulanipun. Pun bapa lajêng tilêm malih.

Dhawuh timbalan dalêm: Jayaningrat, saiki pasowanan bubarna. Sesuk esuk bae dikapara esuk padha rêmbugên manèh. Bapa Yasadipura karo têtuwa kumpulna kabèh.

Dintên Kêmis enjing, tanggal kaping 10 Mulud, Adipati Jayaningrat katimbalan malêbêt, ingandikan: sasampunipun sowan, sang prabu ngandika: Jayaningrat, apa karanane, dene Si Rônggawarsita mopo dikon [diko...]

--- 64 ---

[...n] nulis wangsulan marang Kumpêni.

: Kawula nuwun gusti, wontênipun abdi dalêm Rônggawarsita ambadal parentah, saking sêrat ngèngrèng punika damêlanipun Wiradigda piyambak. Môngka suraosipun botên badhe nyirêp prakawis, suwangsulipun malah badhe damêl muntabipun Walandi. Makatên gusti, sababipun mopo. Sangêt-sangêt panguman-umanipun dhatêng Wiradigda, kawastanan tiyang ambalenjani ing ubaya, kapêntoging pôncabaya, tibakipun sami botên sagêd punapa-punapa. Awit saking punika gusti, miturut pamanggihipun Rônggawarsita, Wiradigda sakancanipun punika tiyang ingkang agêng sangêt dosanipun dhatêng nagari.

Ingkang sinuhun midhangêt unjukipun Adipati Jayaningrat, namung gèdhèg-gèdhèg, ngastosngantos. dangu anjêngêr botên ngandika.

: Adipati, saiki Rônggawarsita turutên bae. Sira gawea layang wangsulan marang Kumpêni, kang surasane ingsun bangêt anggêtuni marang lêlakon iki. Wis adipati, Si Rônggawarsita konên nulis.

Adipati Jayaningrat kalilan mundur, lajêng dhawuh dhatêng Radèn Rônggawarsita, kaajak dhatêng panggung damêl ngèngrèng. Sasampunipun [Sa...]

--- 65 ---

[...sampunipun] dados, kawaos sampun sakeca têtêmbunganipun, nuntên kadhawuhan macak pisan, ngantos jam kalih dalu sawêg rampung. Sêrat punika salajêngipun kabêkta Adipati Jayaningrat dhatêng loji, kasukakakên dhatêng Tuwan Arêtman, supados tumuntên dipun kintunakên dhatêng Samarang. Dene Tuwan Arêtman piyambak dipun sukani ngengrenganipun.

Panêmbahan Cakraningrat ingkang manggalani wadyabala Madura, sampun dumugi ing Samarang, pêpanggihan kalihan Dêlèr Jan Grepe. Tuwan dêlèr angginêm ruwêt rêntênging Surakarta, bilih ing wêkdal punika sawêg buthêk sangêt.

Panêmbahan Cakraningrat sangêt-sangêt anggènipun maripih tuwan dêlèr, sarta anggênahakên dununging kalêpatan punika wontên têtiyang ingkang ambêk paripaksa, ingkang rêraton nêdya mirong kampuh jingga. Tumrap sarira dalêm, sang panêmbahan wani namtokakên masthi botên kagungan karsa ingkang kados makatên, amargi panggalih dalêm punika luhur kados rêdi Mahamèru. Jêmbaripun kados samodra ingkang tanpa têpi, kuncaranipun kados sêsotya ingkang ngumala ngambar. Namung kabêkta saking nata mudha, gampil kenging pangaribawa sarta bêbolèhipun tiyang

--- 66 ---

lamis, ingkang namung mamrihakên badanipun piyambak, awit saking rêmbag punika, tuwan dêlèr suda dêrêngipun.

Adipati Jayaningrat katimbalan sowan malêbêt, kadhèrèkakên Tumênggung Kartanagara, Ngabèi Yasadipura, Ngabèi Têpasônta, sarta Dêmang Urawan, parlu ingandikan. Awit saking unjukipun Marakusuma, lêpatipun têtiyang punika supados dipun têbas kemawon kalihan paosipun bumi pasisir. Yèn punika dèrèng andadosakên panujunipun Kumpêni, kawêwahan malih bumi Wirasaba, mawi kawangênan wancinipun. Sadaya abdi dalêm ingkang ingandikan sami nyarujuki, kajawi Ngabèi Yasadipura piyambak ingkang kêkah botên mupakat.

Unjukipun Ngabèi Yasadipura: Kajawi kaparêng dalêm gusti, pamanggih punika kawula botên mupakat thok. Punapa: Bahman sakancanipun punika sampun wontên labêtipun dhatêng praja, dene kalêpatanipun kok badhe katêbas bumi. Têtiyang punika dosa agêng, botên pantês angsal pangapuntên, kajawi namung dipun bêsêm.

Sayêktosipun, pamanggihipun Ngabèi Yasadipura punika kathah ingkang nocogi, nanging kabêkta ajrih,

--- 67 ---

dados botên wontên ingkang wani mudhoni rêmbag.

Ing sontên punika wanci jam 8 dalu, Adipati Jayaningrat dhatêng loji, kadhèrèkakên Radèn Dulkamit. Mênggah wigatosipun badhe pêpanggihan kalihan tuwan oprup. Sasampunipun tinampèn, lajêng satata linggih. Adipati Jayaningrat ngangsahakên rêmbag, badhe nêbas kalêpatanipun têtiyang ingkang dosa dhatêng Kumpêni, ngalih èwu rupiyah tiyang satunggal.

Tuwan oprup mirêng rêmbag makatên punika kêcêmut gumujêng, wicantênipun: O, radèn adipati pundi wontên tiyang dosa ing nagari kenging tinêbas. Têtiyang punika lêpatipun agêng, nêdya damêl rêngkaning praja, mila pêpanggilipun Kumpêni, murih praja Surakarta manggih karahayon, kaparênga kangjêng sinuhun maringakên têtiyang punika. Manawi bêbana punika botên dipun pituruti, masthi badhe nêmahi botên sae.

Saunduripun saking loji, Radèn Adipati Jayaningrat têrus sowan ing sang prabu, kaparêngakên ingandikan. Sadaya rêmbagipun Kumpêni sampun konjuk sadaya, andadosakên sêkêling panggalih dalêm. Wasana Adipati Jayaningrat kalilan mundur.

--- 68 ---

Kangjêng Pangeran Arya Purubaya ugi sampun tindak dhatêng loji, wigatosipun ngrapih sêdyanipun Kumpêni, supados sampun kasêsa rumiyin, kasrantosna ing sawatawis, kangjêng pangeran badhe ambudidaya, supados ingkang sinuhun karsa mituruti panêdhanipun Kumpêni.

Wadyabala pasisir andalêdêg sabên dintên lumêbêt ing kitha. Prajurit Surabaya ingkang nindhihi Tumênggung Jayadirana, dene Prajurit Madura ingkang nindhihi Panêmbahan Cakraningrat. Makatên ugi prajurit Japara sarta Têgal, ugi sampun dumugi ing Surakarta. Karaton Surakarta kinêpung wakul binaya mangap, kitha sampun têpung gêlang dipun rampit wadyabala ambathithit. Têtiyang Surakarta wayang-wuyungan, manahipun sami kêkês, langkung malih para pawèstri namung adus êluh, tambuh-tambuh paraning sêdya.

Dintênipun malêm Kêmis wanci bakda ngisa, ingkang sinuhun utusan abdi dalêm anggandhèk nimbali kyai ngabèi. Sowanipun anjujug ing panêpèn, ingkang tut wingking Radèn Rônggawarsita. Sasampunipun lumêbêt, panêpèn dipun kunci saking nglêbêt, amargi kangjêng sinuhun karsa ngandika wigatos.

Pangandika dalêm: Bapa Yasadipura, ingsun ora ngira [ngi...]

--- 69 ---

[...ra] marang wusanane lêlakon iki, dene mangkene dadine. Marmane ing mêngko ingsun mundhut rêmbugira, kapriye mungguh prayogane.

Kyai ngabèi mabukuh marikêlu, mawanti-wanti sêmbahipun: Kawula nuwun Gusti, mênggah unjuk kawula botên wontên malih-malih, kajawi namung mituruti panêdhanipun Kumpêni, amargi manawi dipun kêkahi, agêngipun mawi linawan ing jurit, badhe nêrak kalêpatan kawan prakawis, gusti.

: Kapriye bapa, têrange.

: Makatên gusti. Sapisan lêpat kalihan eyang dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan, dene melikakên nagari Ngayogyakarta, ingkang lêrêsipun sanès mêsthinipun. Kaping kalih: nama pêrang siya-siya, amargi wadyabala sarta panèwu mantri taksih ura pamanggihipun, dèrèng sawiji. Kaping tiga: pêrang nistha, sabab kasompok ing wêkdal, karupêkên ing gêlar. Kaping sakawan, pêrang kuciwa, awit panjênêngan dalêm dèrèng kagungan: sabêt ingkang sèwu satunggal landhêpipun, tuwin kuda gung aluhur ingkang rikating plajêngipun kados thathit.

Kyai ngabèi nyêmbah mawantu-wantu, wasana unjukipun [unjukipu...]

--- 70 ---

[...n] malih: Sumôngga gusti, sadaya punika kaparênga anggalih kalihan yêktinipun. Sadaya unjukipun guru dalêm punika amung amrih risak, nêdya mêmurung lampah. Baya dosa punapa ingkang tinêmah, gusti, manawi panjênêngan dalêm kalimput ing panggalih, awit saking gênging katrêsnan dalêm dhumatêng têtiyang candhala ing budi punika.

Kyai ngabèi nungkêmi pada dalêm, unjukipun ngrêrêpa anggarit panggalih. Ingkang sinuhun kumêmbêng kapiluh midhangêtakên unjukipun kyai ngabèi, dangu anjêngêr botên angandika. Sangêt karônta sarta karaos-raos panggalih dalêm, wasana angandika: I, i, bapa, bênêr unjukira, pancèn mangkono yêktine. Ingsun rumôngsa kalorob ing rêmbug, kapanduk ing sandipaya, kapriye pidanane wong mangkono iku, bapa.

: Kawula nuwun gusti. Têtiyang punika pantêsipun namung dipun bêsêm, dening maha nêdya damêl rêngkaning praja.

Sang prabu rumaos lêjar ing panggalih, wasana nimbali rayi dalêm Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi. Gêdhong panêpèn sampun binuka kontênipun. Kangjêng pangeran sowan wontên ing ngarsa dalêm.

[Grafik]

Panitya ingkang ngarang buku

Ingkang ngadêg saking kiwa manêngên:

R. Ng. Arjadipraja (pangarsa komite),

R. Ng. Wignyawiryana,

R. Yasawiyata,

Ingkang linggih:

R. Sastrawaluya,

R. Marsapranata,

R. Ng. Yasapuraya,

R. Sasrasumarta, sarta Ng. Andayadipraja.

: Hèh, Mangkubumi, sira enggala mênyang Purbayan, matura

--- 71 ---

paman, manawa wong-wong kang dijaluk Kumpêni iki, ingkang sun lilakake lima, yaiku: Bahman, Nur Salèh, Wiradigda, Panêngah sarta Kandhuruwan. Dene sing ora loro, yaiku: Wirarêja lan Sujanapura. Paman Purubaya warahên supaya sarêmbug karo Tuwan Arêtman tuwin Tuwan Panredhe. Saka kaparêng ingsun, mungguh panyêkêle wong-wong iku besuk Jumuwah bae wayah esuk. Marmane Walônda supaya sumadhiya. Aja nganti kalayatan.

Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi mundur saking ngarsa dalêm, lajêng têrus tindak dhatêng Purbayan, andhawuhakên kaparêng dalêm. Ing dalu punika ugi nuntên tata-tata rancangan badhe panyêpêngipun, sadaya sampun sami winangsit badhe tumindaking damêl.

Dintên Jumuwah tanggal kaping 11 Mulud Jimawal 1717, kalampahan anggènipun nyêpêngi tiyang gangsal, salajêngipun dipun cêngkal kapasrahakên dhatêng Kumpêni, kabêkta dhatêng Samarang. Tiyang gangsal ingkang dados pasakitan punika dados têtingalanipun tiyang kathah, adamêl lêganipun tiyang sapraja, rumaos luwar saking bêbaya. Praja Surakarta manggih tata raharja.

--- 72 ---

Sadumuginipun ing Samarang nuntên kakintunakên dhatêng Batawi, bêbandan gangsal punika kabucal dhatêng pulo Odrus.

Tuwan Dêlèr Jan Grepe ngaturi sêrat dhatêng sang prabu, suraosipun ngaturakên suka gênging manah sarta ngintunakên angsul-angsul awujud badhe baludru dhatêng radèn adipati, Kangjêng Pangeran Arya Purubaya sarta Ki Ngabèi Yasadipura, minôngka tandhaning tarima kasih.

10. Krama Dalêm Ingkang Sinuhun IV

Nalika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IV taksih jumênêng Pangeran Adipati Anom, garwa dalêm Radèn Ajêng Handaya, putranipun putri Radèn Tumênggung Cakradiningrat, bupati ing Pamêkasan, Madura. Krama dalêm kalihan putri Madura punika sampun kagungan putra kakung satunggal, asma Radèn Mas Gusti Sugandi. Dèrèng ngantos jumênêng nata, garwa dalêm Radèn Ayu Handaya seda.

Sabibaripun Pakêpung, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV karsa krama malih. Nalika punika wontên sêrat saking Ngayogyakarta lumantar Mangundipura dhatêng Jayadipura. Mênggah suraosipun sêrat, wontêna kaparêng dalêm krama angsal Bandara Radèn Ajêng

--- 73 ---

Saelah, putri dalêm Kangjêng Pangeran Adipati Anom ing Ngayogyakarta.

Sêrat punika sasampunipun konjuk ing saandhap sampeyan dalêm, lajêng arêmbag kalihan Kangjêng Pangeran Arya Purubaya sarta Ngabèi Yasadipura. Tumrap kangjêng pangeran piyambak, ing panggalih rujuk sangêt manawi ingkang sinuhun krama angsal putri Ngayogya. Kajawi Bandara Radèn Ajêng Saelah punika sulistya ing warni, ugi kangge nungtumakên balung apisah, amrih supêkêtipun praja Surakarta kalihan Ngayogya. Amung emanipun dene wontên manèkipun sakêdhik, ingkang sagêd damêl sandening rêmbag. Inggih awit sandening rêmbag punika ingkang anjalari Kangjêng Pangeran Arya Purubaya ragi kacuwan.

Mênggah ingkang dados wagêling panggalih dalêm, saking ngèngêti dhawuh dalêm ingkang rama suwargi, paring pitungkas: botên anglilani krama angsal putri Ngayogya. Dene nalikanipun mitungkas rumiyin, Ngabèi Yasadipura ugi wontên.

Wasana Kangjêng Pangeran Arya Purubaya nyuwun lumèngsèr saking ngarsa dalêm, kalihan Ngabèi Yasadipura kasuwun mundur. Tindakipun dipun dhèrèkakên Ngabèi Yasadipura,

--- 74 ---

anjujug dhatêng Purubayan. Dèrèng ngantos lukar kampuh, kangjêng pangeran têrus dhatêng gêdhong, kadhèrèkakên kanthinipun.

Kangjêng pangeran ngandika: Bapa Yasadipura, kapriye mungguh pamitungkase rama dalêm ingkang suwargi.

: Makatên gusti, ing sarèhning garwa dalêm ingkang saking Madura punika sedanipun tilar putra satunggal, Bandara Radèn Mas Gusti Sugandi, manawi lajêng krama angsal putri Ngayogya, sandeyaning panggalih dalêm ingkang suwarga, bokbilih sagêd nuwuhakên sabab. Punika gusti, mênggah ingkang dados mawanipun.

: Yèn mangkono bae, tak anggêp prakara gampang.

: Kadospundi, gusti.

: E ngene. Aku gêlêm anjanjèni marang adhi mas, adipati, murih aja nganti ana nalar. Aku saguh mênyang Ngayogyakarta dhewe, nganti sarampunge rêmbug iku pisan.

: Nanging kawuningana gusti, kados sampun botên parlu.

Kangjêng pangeran anjêngèk, ora parlu priye.

: Makatên gusti, sajatosipun putra dalêm ingkang sinuhun sampun badhe krama angsal putri Madura.

--- 75 ---

Kados punapa kagètipun kangjêng pangeran nalika mirêng atur ingkang kados makatên punika. Saking gitaning panggalih, pasuryan ambrabak abrit, pangandikanipun: Geneya kok aku ora wêruh kênthang kimpule.

: Saèstunipun makatên gusti, krama dalêm ingkang sinuhun punika sêsarêngan kalihan putra dalêm Kangjêng Pangeran Mangkubumi sarta Kangjêng Pangeran Buminata. Sang prabu karsa dhaup kalihan putri Pamêkasan, putranipun Radèn Tumênggung Cakraningrat, asma Radèn Ajêng Sakaptinah, dados kapetang ngarang ulu. Kangjêng Pangeran Mangkubumi ugi angsal putri Pamêkasan ingkang ênèm, dene Kangjêng Pangeran Buminata angsal putranipun putri Adipati Pathi.

Kangjêng Pangeran Arya Purubaya saya namungnawung. dhêlêg-dhêlêg, dene wontên prakawis kados makatên, babar pisan dèrèng mangêrtos. Mila dukanipun saya sangêt, pangandikanipun: Ngrêtimu saka sapa.

: Nuninggih gusti, badhe karsa dalêm krama punika, ingkang sinuhun sampun ngaturi sêrat dhatêng bapa dalêm tuwan dêlèr ing Samarang, amargi rêmbag punika mêdal Kumpêni. Wontênipun makatên, kabêkta panggalih dalêm amirakêt dhatêng

--- 76 ---

Kumpêni, ingkang tansah binapa-bapa.

: Sapa sing andhèrèk ingandikan.

: Dalêm botên sumêrêp.

: Sapa sing nulis layange iku.

: Bokmanawi carik dalêm pun Waladana mangrêtos.

Saking kadêrênging panggalih, Carik Waladana kadhawuhan nimbali, lan sagêda kèrid sanalika punika ugi. Botên dangu ingkang tinimbalan sampun sowan.

Nalika dipun dangu ing bab punika, aturipun makatên: Dalêm botên mangrêtos pinangkanipun dhawuh punika gusti. Dalêm namung kawawuhankadhawuhan. nyêrat, mênggah panyêrat dalêm, wontên ing griyanipun Ki Wirarêja.

Kangjêng pangeran saya muntap dukanipun, puruging bêndu dhatêng Wirarêja, pangandikanipun: Wong musibat Wirarêja iku. Patrape ora arus, anjêjêmbêri bumi.

Ngabèi Yasadipura ngrapu: Gusti, punapa pikantukipun duka dhatêng tiyang alit. Barang sampun kalajêng, kadospundi malih.

: Orak. Sing tak ngunguni kuwi, apa aku pancèn ditilapake.

: Kados botên, gusti. Namung saking dèrèng dipun paringi [pa...]

--- 77 ---

[...ringi] sumêrêp.

: Eh, mongsok.

: Anu gusti, panjênêngan dalêm kemawon dalêm aturi yasa dalêm ingkang pantês, kagêm benjing krama dalêm. Amargi ingkang badhe mêngkoni pangantèn putri punika panjênêngan dalêm.

: Hêh, iku rak mung saka gagasanmu. Apa kowe wani munjuk.

: Dalêm sampun ingandikan gusti. Badhe rawuhipun pangantèn putri punika dalêm sampun ngunjuk, prayogi wontên ing ngriki. Sinuhun sampun karênan ing galih, salajêngipun radèn adipati sampun kautus dhatêng loji, sarêmbag kalihan tuwan oprup. Cobi, mangke rak wontên rêmbag saking loji.

Kangjêng pangeran sampun lilih dukanipun: Apa têmên mangkono. Kowe iku rak mung saka pintêrmu olah sêsanggitan bae.

: O, botên manawi dalêm lêlamisan gusti. Dalêm sampun tiyang sêpuh.

Kangjêng pangeran kêcêmut gumujêng, pangandikanipun: Iya bapa, maklummu bae. Sadurunge bangêt panarimaku.

--- 78 ---

Dumugi samantên rêmbagipun kanggêg, katungka wontên upas Walandi dhatêng, parlu suka sumêrêp, bilih mangke jam nêm sontên tuwan oprup badhe martamu. Kangjêng pangeran saya suka ing galih, dene aturipun Ngabèi Yasadipura nètèsi sadaya.

: Bapa, kowe aja mulih dhisik, ngêntènana ana ing gêdhong kulon kono, supaya ora kawruhan karo oprup. Kabênêran bapa, aku mêntas oleh êtèh anyar saka Tuwan Kapitan Sok. Coba mêngko icipana, jarene: enak.

Ngabèi Yasadipura mèsêm, ing batos ngunandika: Wong agung iki panggalihe: putungan buru alêman. Angèl sratènane.

Dumugi wanci katêmtuwanipun, saèstu tuwan oprup rawuh ing Kapurubayan, dene wigatosipun kangjêng pangeran ingkang badhe mêngkoni pangantèn putri. Kajawi punika ugi lajêng ngrêmbag badhe lampah-lampahing pamiwahan lan sanès-sanèsipun. Botên dangu, tuwan oprup pamitan wangsul.

Kangjêng pangeran lajêng utusan mundhut dalêm, kalêrêsan sagêd enggal angsal, griyanipun Ônggawadana.

--- 79 ---

Griya punika sanalika kausung, kaêdêgakên wontên ing sawetan dalêm têngah, kawêwahan uparêngganipun. Radèn adipati kadhawuhan ing sang prabu, nganthi abdi dalêm kalang ingkang anggarap dalêm Kapurubayan dumugi tarub pisan. Minôngka wragadipun amêngkoni, kangjêng pangeran angsal patêdhan dalêm arta kalih èwu reyal.

Botên kacariyosakên rêroncènipun pamiwahan, krama dalêm sampun kalampahan angsal putri Pamêkasan. Ijabipun wontên ing dintên Rêbo Wage 16 Bêsar Jimawal 1717, kacirenan ing côndra sangkala: sapta raja goraning rat.Sengkalan: sapta raja goraning rat (Rêbo Wage 16 Besar 1717 A.J., Rabu 17 Agustus 1791 A.D.). Garwa dalêm punika pawingkingipun asma Kangjêng Ratu Kancana.

Sarêng dintênipun Saptu, dhaupipun Kangjêng Pangeran Mangkubumi, angsal putri Pamêkasan ingkang timur. Dene dintênipun Sênèn, dhaupipun Kangjêng Pangeran Buminata angsal putranipun putri Adipati Pathi.

Krama dalêm punika andadosakên tata raharjanipun praja, sarta Kangjêng Pangeran Purubaya sirna tabêting panggalih, kados sumilaking dirgantara ingkang kèsisan ing samirana.

--- 80 ---

10. Mirah Sinalin Kalungsu

Anuju ing wanci dalu kintên-kintên jam 7, langitipun rêsik, lintang-lintang abyor minôngka rêrêngganing dalu. Ngabèi Yasadipura mêdal saking griya, lumampah kêthêklik-kêthêklik lon-lonan dhatêng loji. Tuwan oprup sampun dangu anggènipun ngantu-antu angêntosi. Sarêng sampun dhatêng, tuwan oprup gupuh ngacarani.

: Bapak, sampun dangu anggèn kula ngêntosi.

: Inggih tuwan, sampun dados panggalih, ragi kasèp sowan kula.

: Anu Bapak, mila kula kèngkèni mriki, wontên parlu sakêdhik. Kala Tuwan Dêlèr Jan Gredhe ngaturi sêrat sang prabu, mawi nyêbutakên ing bab pocotipun Tumênggung Pringgalaya sarta Tumênggung Mangkuyuda. Tuwan dêlèr ngungun sangêt, dene priyantun sae-sae, têka kaundur kalênggahanipun, kagantos tiyang sanès, darah alit tur dèrèng wontên lêlabêtanipun. Gèk lêpatipun punapa. Ing môngka anggènipun sami dados bupati punika anggêntosi warisaning tiyang sêpuhipun. Sumôngga ta kamanaha, priyantun punika sami turunipun ngaluhur,

--- 81 ---

wujudipun tanpa kuciwa, kalakuanipun sae-sae.

: Inggih tuwan, kula ugi tumut maos sêratipun tuwan dêlèr punika. Wontênipun kados makatên, kabêkta saking pandamêlipun Bahman sarta Nur Salèh, anggènipun tansah mikangsalakên murid-muridipun. Kula piyambak sampun gadhah sêdya badhe munjuk sang prabu. Mila manawi tuwan kagungan karsa makatên, nama kalêrêsan, kula aturi matur sang prabu. Kajawi saking punika, tuwan sampun alit ing pangglih, bab punika, kados-kados taksih sagêd dipun manah murih saenipun.

Ngabèi Yasadipura sampun wangsul saking loji, tuwan oprup sangêt kalêgan ing manah. Dumuginipun pêndhak dintên, Ngabèi Yasadipura katimbalan malêbêt dhatêng karaton, amargi wontên karsa dalêm ingandikan.

Unjukipun: Kawula nuwun gusti, kajawi kaparêng dalêm, unduran abdi dalêm kêkalih punika, yèn ngantosa kadangon, sayêktosipun owêl sangêt. Sarèhning kaunduripun tanpa sabab, yèn botên tumuntên katêtêpakên malih, mindhak anglèpèti awon. Ing môngka sêratipun tuwan dêlèr Samarang punika ugi katur dhatêng eyang dalêm kangjêng tuwan bêsar, dados manawi botên tumuntên [tumu...]

--- 82 ---

[...ntên] kagalih, mindhak andadosakên kalêpatan.

: Bapa, ingsun iya nayogyani marang unjukira. Tumrap Si Mangkuyuda, baya wus pantês yèn ana ing Panumping, ngênggoni ampasing kaki, kang maune diênggoni Si Wiradigda.

Têrang dhawuh timbalan dalêm, Ngabèi Yasadipura kalilan mundur. Sarêng enjingipun, tuwan oprup malêbêt dhatêng kadhaton sowan sang prabu. Sowanipun punika ugi ngrêmbag manjingipun Mangkuyuda sarta Pringgalaya dhatêng pangkatipun lami, pangandika dalêm, paring katrangan bilih bab punika sawêg kagalih kalihan Ngabèi Yasadipura. Namung tumrap Pringgalaya, ing sarèhning dèrèng wontên papanipun, dèrèng sagêd anggalih tumuntên.

Tuwan oprup sampun mundur saking kadhaton, dumuginipun ing loji nuntên damêl sêrat katur dhatêng tuwan bêsar ing Batawi. Mênggah suraosipun damêl palapuran anggènipun mêntas sowan sang prabu.

Sapêngkêripun tuwan oprup, ingkang sinuhun ngandika dhumatêng Ngabèi Yasadipura: Bapa, yèn Si Mangkuyuda sida ingsun karsakake ana ing Panumping pantêse jênêng sapa.

--- 83 ---

: Kawula nuwun gusti, kajawi kaparêng dalêm, prayogi kapangingangkaparingan. nama: Radyan Arya Cakrawinata.

: Iya bapa, ingsun nayogyani.

Bêbasan rêmbag dhadhak anglayoni, awit saking pandamêlipun Tumênggung Wirarêja, sadèrèngipun têtêpan bupati punika kalampahan, wontên nalar ingkang pating pênthalit. Mênggah bibit sakawitipun, Tumênggung Wirarêja matur dhatêng Pangeran Arya Pamot, manawi sampun sataun anggènipun Cakrawinata dados bupati, badhe kagêntosakên dados pêpatih dalêm.

Kangjêng Pangeran Arya Pamot ingkang mirêng rêmbag punika, nuju ing wanci dalu tindak dhatêng kapatihan. Sampun tamtu kemawon Adipati Jayaningrat kagèt sangêt. Malah lacuting pawarti, rancangan punika sampun karêmbag matêng kalihan tuwan oprup, salajêngipun ingkang badhe gumantos dados Bupati Panumping: Radèn Rônggawarsita.

Undhaking pawarta sudaning kiriman, rêmbag punika sumiyaripun kapanjang-panjang ngantos ingkang sinuhun badhe ngunus têtêpipun Mangkuyuda wontên ing Panumping.

Anuju ing dintên Sênèn, sang nata miyos ing pandhapi,

--- 84 ---

lajêng nimbali Ngabèi Yasadipura. Sarêng sampun sowan, ingkang sinuhun ngandika: Kapriye bapa, dene têtêpe Mangkuyuda iki akèh têmên sing anggondhèli, kang iku, apa sira kaduga matur marang oprup.

: Kawula nuwun gusti, kawula sangêt lingsêm manawi matur dhatêng tuwan. Amargi panjênêngan dalêm sampun kawiyos paring kasagahan.

: Pancèn mangkono bapa, apa Si Jayaningrat bae ... mara timbalana.

Botên antawis dangu, radèn adipati sampun kerid sowan. Nalika badhe kautus sarta ngunus kasagahan dalêm dhatêng loji, munjuk pakèwêd. Wusana pangandika dalêm: Wis mangkene bae, isun kang bakal andhadhani prakara iki. Mara tuwan oprup timbalana.

Botên dangu tuwan oprup sampun sowan dhatêng karaton, sang prabu tumuntên ngandikakakên badhe sandenipun têtêpan. Tuwan oprup ngantos dangu namung mèndêl kemawon, kabêkta saking èwêd ing manah, dene wontên rêmbag dhadhak anglayoni ingkang kados makatên. Saking anggènipun kajudhêgan, sêrat aturipun, sinuhun, panjênêngan dalêm sampun dhawuh kaping kalih, sapisan [sa...]

--- 85 ---

[...pisan] dhatêng bapak Yasadipura, kaping kalihipun dhumatêng kawula, bilih têtêpan punika badhe kalampahan benjing Kêmis ngajêng punika. Wusananipun samangke wontên kaparêng dalêm kados makatên. Yèn makatên, prayogi kula aturi kintun sêrat dhatêng tuwan dêlèr ing Samarang, kanthi pratelan namaning têtiyang ingkang sami anduwa têtêpan punika. Wêwatoning Kumpêni, namung ngèngêti, bilih Mangkuyuda sarta Pringgalaya punika tiyang sae, darah ing Kartiyasa. Watêkipun mulus, wujudipun sêmbada, tanggap ing sasmita, cakêp dhatêng wajibipun. Môngka saking pamirêngipun Kumpêni, ingkang anggêntosi punika sami turun alit, botên guna botên pakra, tur botên prawirèng jurit. Dados kados sanepanipun mirah sinalin kalungsu. Makatên sinuhun, mênggah ingkang dados pamanahanipun Kumpêni, mugi panjênêngan dalêm kaparêng anggalih.

Satêlasing aturipun, tuwan oprup lajêng nyuwun pamit mêdal. Sadumuginipun ing loji, enggal-enggal dhatêng Yasadipuran. Sarêng sampun têtêp lênggah, tuwan oprup ngandika: Bapak, kadospundi rêmbag punika, kok pating balandhit makatên.

--- 86 ---

: Tuwan panjênêngan kula aturi sabar ing sawatawis. Kantênanipun benjing-enjing punika, manawi têtêpan punika saèstu sande, kula langkung bingah botên wontên ing Surakarta kemawon. Eman sangêt dene ing ngriki kathah tiyang ingkang namung lampah doracara. Têbih dhatêng kautamèn.

: Inggih bapak, yèn benjing Kêmis punika saèstu sande, kula ugi badhe tumut ngili dhatêng nagari sanès ingkang rahayu. Yèn bapak badhe nilar nagari Surakarta, badhe kula bêkta dhatêng Samarang, mêsthi sagêd angsal balônja wulanamwulanan. sawidak, sarta taunan pitung atus rupiyah.

: Klèntu, tuwan. Kesah kula badhe dhatêng Mêkah, botên badhe ngawula ing sanès.

Kados padatan, priyantun kêkalih punika sasampunipun ngrêmbag parluning praja, lajêng sami gêgujêngan. Tuwan oprup rawuhipun ambêkta sangu arak jingga kalih plès pêthak, kagêm pangunjukan. Sarampunging parlu, tuwan lajêng pamitan kondur.

Sapêngkêripun tamu, ing Yasadipuran kadhatêngan utusan saking kapatihan, nimbali Ngabèi Yasadipura. Ingkang tinimbalan kèrid wangsulipun utusan, dumuginipun [dumuginipu...]

--- 87 ---

[...n] pinanggihan wontên ing pandhapi.

Radèn adipati ngandika: Paman, kula punika wau mêntas saking loji, pinanggih suwung, kawartos tuwan rawuh ing griya sampeyan. Kula ngêmping wartos, saunduripun saking loji, punapa tuwan kacuwan ing manah.

: Manawi kacuwanipun botên, inggih namung mutung agêng-agêngan, nêdya botên purun jagi wontên ing ngriki.

: Sababipun punapa.

: Saking bingungipun, dene ing ngriki kathah setan apawakan manungsa.

: Anu paman, tumrap kula rêsak-rêsik bokmanawi. Pangeran Pamot ingkang ngadoni rêmbag punika. Mila panêdhak kula paman, mugi-mugi tuwan oprup sampun ngantos sêling sêrap.

Sarêng rêmbag sampun cêkap, Ngabèi Yasadipura kaparêng pamit, sawêg dhog dumugi ing griya, sampun wontên utusan dalêm nimbali. Ngabèi Yasadipura ngandikan.

: Bapa, ingsun midhangêt warta, manawa bapa oprup mêntas mênyang omahmu, paran kang dadi wigatine.

: Kawula nuwun gusti, rawuhipun tuwan ing griyanipun, dalêm, [da...]

--- 88 ---

[...lêm,] parlu nglairakên gêgêtuning manah, dene nalar punika bundhêt ruwêt makatên, gusti. Kalihan anglairakên panggunggungipun dhatêng eyang dalêm kangjêng sultan, panggalihipun têtêp santosa kados bêbiting tosan purasani.

Sang prabu gumujêng, pangandikanipun: E, dadi ati ta. Iya bapa, aku sing rumôngsa kalimput, dene amung tansah anggugu bêbayi. Wis bapa, aja susah atinira, besuk Kêmis iki ingsun sida têtêpan.

Ngabèi Yasadipura kalilan mundur saking ngarsa dalêm. Mantukipun têrus dhatêng loji kapanggih tuwan oprup. Wontên ing ngriku ngandharakên kaparêng dalêm, rêmbag têtêpan punika saèstu benjing Kêmis.

Tuwan oprup ngandika kalihan mèsêm: Basakna bapak iki, wong têtulung mèh kalepetan piala.

Dumuginipun dintên Kêmis, Radèn Mangkuyuda saèstu têtêp dados Bupati Panumping, kaparingan nama: Radyan Arya Cakrawinata. Sarênganing dhawuh dalêm punika, Tumênggung Wirarêja kapundhut malêbêt, dene Arya Mandurarêja, wangsul dados pardikan malih dhatêng Wôngga, asma Pangeran Jungut.

11. Jumênêngan Pangeran Pati

--- 89 ---

Nalika wulan Dulkangidah Je 1718, Tuwan Dêlèr: Hirardrus Sêtrantên tindak dhatêng Surakarta. Rawuhipun wontên ing Loji Kêbon, kanthi dipun pahargya kados padatanipun. Mênggah ingkang dados wigatosipun tuwan dêlèr:

Ha: Badhe nêtêpakên sintên ingkang badhe sumilih jumênêng wontên ing Mangkunagaran, amargi Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara I sampun yuswa.

Na: Badhe nêtêpakên Radèn Mas Gusti Sugandi jumênêng Pangeran Adipati Anom.

Tumrap rêmbag ing Mangkunagaran tuwan dêlèr nyêmantakakên dhatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan IV sintên ingkang dipun pilih minôngka gêgêntosipun. Manawi pamanggihipun tuwan dêlèr, ingkang pantês dados calon anggêntosi punika putra kakung ingkang sêpuh, inggih punika Kangjêng Pangeran Arya Prabuwijaya. Ing sarèhning kangjêng pangeran punika sampun seda, mila lumunta dhatêng putranipun kakung, inggih punika Kangjêng Pangeran Surya Prangwadana, miyos saking Gusti Kangjêng Ratu Alit, putra dalêm Ingkang Sinuhun [Sinu...]

--- 90 ---

[...hun] Pakubuwana III. Kangjêng Pangeran Surya Prangwadana punika wayah dalêm Kangjêng Gusti I, utawi putra dalêm kapenakan kalihan Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan IV. Kajawi punika tumrap lênggahipun Pangeran Adipati Anom, manawi Kumpêni: ngênèmi kangjêng gusti.

Manawi kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, usulipun Kumpêni punika ragi wontên pakèwêdipun, prayoginipun: kêdah putra dalêm kangjêng gusti kakung sanèsipun ingkang taksih sugêng. Wontênipun sampeyan dalêm ingkang sinuhun kagungan panggalihan makatên, sandeyaning panggalih dalêm, mindhak nuwuhakên panyakrabawa namung mikangsalakên putra dalêm kapenakan piyambak. Dene lênggahipun pangeran adipati anom, supados nyêpuhi kangjêng gusti.

Awit saking sulayani pamilih punika, tuwan dêlèr kaduk ing panampi, dinalih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan botên karsa nyuwawèni pamanggihipun tuwan dêlèr. Tuwan dêlèr sarta tuwan oprup kajawi malêbêt dhatêng kadhaton, marambah-rambah anggènipun ngaturakên sêrat, ngantos tigang dintên dèrèng sagêd angsal putusan, andadosakên judhêgipun Tuwan Dêlèr Hirardrus Sêtrantên.

--- 91 ---

Nalika punika dintên Rêbo, benjing-enjing dintên Kêmis, ing karaton sampun samêkta anggènipun badhe wontên jumênêngan Pangeran Adipati Anom. Abdi dalêm prajurit carangan, saragêni, tamtama sarta sanès-sanèsipun sampun sami kadhawuhan mirantos. Dumugi ing dintênipun Kêmis enjing abdi dalêm sarta putra santana dalêm sampun pasowanan pêpak. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ugi sampun lênggah ing pagêlaran. Sadaya sampun mirantos ing parlu, kantun ngêntosi malêbêtipun tuwan dêlèr sarta oprup.

Ananging anèh, sampun dumugi wancinipun, tuwan dêlèr sarta oprup dèrèng sowan malêbêt. Dipun titakakên mêksa dèrèng sowan, andadosakên pangantu-antu dalêm ingkang sinuhun sarta abdi dalêm ingkang sami sowan sadaya. Sarêng sampun lungse wancinipun, têtela manawi tuwan dêlèr sarta oprup botên purun ngèstrèni jumênêngan Pangeran Adipati Anom. Pasowanan lajêng bibaran, andadosakên rudatosing panggalih dalêm, makatên ugi putra santana sarta abdi dalêm ingkang sowan, unduripun kanthi ngandhut kacuwaning manah.

Pawartos sandening jumênêngan punika lajêng sumêbar tiyang [ti...]

--- 92 ---

[...yang] sapraja, warni-warni pangudaraosipun, warni-warni wiraosanipun kawula, ngintên manawi tuwan dêlèr sarta oprup sami mogok, botên purun sowan dhatêng karaton.

Têrang kaparêng dalêm, malêmipun Jumuwah Ngabèi Yasadipura kadhawuhan nayuh Radèn Mas Gusti Sugandi. Sarêng wanci sirêp janma, Radèn Mas Gusti Sugandi kadhèrèkakên Ngabèi Yasadipura dhatêng Padhas Malang sacêlaking griyanipun Ngabèi Yasadipura. Padhas Malang punika sawênèhing pasitèn ingkang wontên satêngahing banawi. Inggih ing papan ngriku punika panggenanipun Ngabèi Yasadipura manawi samadi. Sadumuginipun, radèn mas gusti minggah ing gèthèk ingkang sampun sumadhia, dene Ngabèi Yasadipura inggih wontên ing pêngkêran. Wontên ing ngriku radèn mas gusti kalihan kanthinipun ngêningakên pôncadriya mêsu puja brata. Ingkang dipun suwun ing Pangeran murih kasambadan ing karsa, kalis ing sambekala, watawis jam tiga dalu sampun mudhar saking samadi, amargi sampun wontên wêca wêwentehan, bilih Radèn Mas Gusti Sugandi badhe sagêd jumênêng nata, wilujêng tanpa kara-kara.

Têrang wasitaning wangsit, Radèn Mas Gusti Sugandi mudhar samadi, [sama...]

--- 93 ---

[...di,] makatên ugi Ngabèi Yasadipura, salajêngipun kondur malêbêt ing kadhaton. Sadaya lêlampahan punika konjuk ing saandhap sampeyan dalêm, andadosakên sukarênaning panggalih dalêm.

Dintênipun Sêtu ingkang sinuhun nimbali sowanipun pêpatih dalêm Pangeran Angabèi, Tumênggung Cakrawinata, Tumênggung Sasrawijaya sarta Ngabèi Yasadipura, kadhawuhan pêpanggihan kalihan tuwan oprup, wigatosipun kadhawuhan ngrampungi kaparêng dalêm bab jumênêngan pangeran pati. Unduripun prayagung sakawan, gangsal Ngabèi Yasadipura têrus dhatêng kapatihan, sami apirêmbagan sakecaning lampah. Putusaning rêmbag, Ngabèi Yasadipura ingkang kapurih kapanggih oprup rumiyin, sanèsipun ngêntosi wontên ing kapatihan.

Nalika Ngabèi Yasadipura dumugi ngajêng loji, tuwan oprup sawêg mêdal. Sarêng sumêrêp katebangipun Ngabèi Yasadipura, tuwan anjêlih: ê lho, bapak saking pundi, kula punika badhe mrika.

: Nuwun tuwan, kula saking griya kemawon.

: Môngga mlêbêt bapak ... Anu bapak, kula punika wau badhe dhatêng griya sampeyan, parlunipun dipun [di...]

--- 94 ---

[...pun] utus ing tuwan dêlèr, kadhawuhan ngrêmbag jumênêngan punika. Kadospundi bapak, sababipun punapa dene ingkang sinuhun botên nyuwawèni pamanggihipun Kumpêni ing bab ingkang badhe sumilih wontên ing Mangkunagaran.

: Nuwun tuwan, wontênipun kangjêng sinuhun botên mituruti calonipun Kumpêni, namung saking èwêd aya ing panggalih, ing sarèhning Kangjêng Pangeran Surya Prangwadana punika taksih kalêrês penakan dalêm. Panggalih dalêm punapa botên prayogi putra kakung sanèsipun ingkang taksih sugêng.

: Bapak, punapa panggalih dalêm ingkang makatên punika kêkah saèstu.

: Nuwun tuwan, yêktosipun kula ragi kuwatos badhe balaka ing panjênêngan.

: Lo kuwatos kadospundi.

: Makatên tuwan, sowan kula mriki punika saking kajêng kula piyambak, botên atas dhawuh dalêm, dados sadaya atur kula punika inggih rêmbag kula piyambak. Panyuwun kula, tuwan sagêda nyimpên tarêtip.

: O inggih inggih. Kadospundi.

--- 95 ---

: Manawi panggalih dalêm makatên suci lair batos, wontênipun Kumpêni ngantos sêling sêrap, namung saking kaduking panampi. Anggèn kula matur makatên, suwau Kumpêni naringakên rêmbag dhatêng ingkang sinuhun, wajibipun dipun taringi rêmbag punika utaminipun rak inggih mahyakakên saraosing panggalih. Wusana kalèntu ing panampi, Kumpêni sêling sêrêp, agalihanggalih. manawi ingkang sinuhun nyulayani. Sumôngga kagaliha tuwan, punika lêpatipun sintên. Ning punika atur kula piyambak, tuwan.

Tuwan: lah lênggahipun pangeran adipati kadospundi.

: Inggih kados kaparêng dalêm, nyêpuhi kangjêng gusti. Wontênipun ingkang sinuhun kagungan panêdha kados makatên dhatêng Kumpêni, katampia kados panêdhanipun anak dhatêng bapa. Punapa botên wajib anak nêdha dhatêng bapa. Emanipun dene Kumpêni sêling sêrêp.

Tuwan oprup namung mèndêl kemawon, ing sêmu katingal anggènipun migatosakên aturipun Ngabèi Yasadipura.

Kyai Ngabèi: Yèn dhatêng panggalihan dalêm punika Kumpêni botên mupakati, Kumpêni rak inggih botên [botê...]

--- 96 ---

[...n] wontên pakèwêdipun nêtêpakên calonanipun.

: Mangke ingkang sinuhun gèk anduwa pilihanipun Kumpêni, bapak.

: O botên tuwan.

Tuwan oprup manthuk-manthuk, dening rumaos kalêgan ing manah: E, dados makatên ta, kaparêng dalêm punika. Anu bapak, môngga sampeyan kula aturakên tuwan dêlèr, supados andadosakên bingahipun.

: O, nuwun nuwun tuwan, kados botên parlu. Kula punika tiyang alit, malah panyuwun kula ing tuwan, atur kula punika ngêmungna dados kandhutan kemawon.

Tuwan oprup gumujêng: Ajêgan bapak iki, ora gêlêm dikatokake kabêcikane. Panêdha kula bapak, sampeyan wontêna ing ngriki rumiyin sakêdhap, kula badhe pêpanggihan kalihan tuwan dêlèr.

Pasareanipun Ngabèi Yasadipura I ing Pêngging.

[Grafik]

Katingalan saking jawi.

[Grafik]

Katingalan saking nglêbêt.

Tuwan oprup enggal mêdal saking loji agêng gêgancangan dhatêng Loji Kêbon, parlu pêpanggihan kalihan tuwan dêlèr. Ngantos sawatawis rêmbag punika sawêg putus, andadosakên têranging panampinipun Kumpêni. Tuwan oprup enggal-enggal wangsul dhatêng lojinipun. Sadhatêngipun, wicantên dhatêng Ngabèi Yasadipura

--- 97 ---

makatên: bapak, bab punika sampun putus. Mila kula kantun ngabarakên bab punika dhatêng pêpatih dalêm.

Kyai Ngabèi sampun mundur saking loji, utusan dalêm ingkang ngêntosi wontên kapatihan lajêng pêpanggihan kalihan tuwan oprup.

Ing wusananipun, ingkang dados calon badhe gumantos wontên ing Mangkunagaran Kangjêng Pangeran Surya Prangwadana, wayah dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara I. Ing dintên Sênèn, 24 Bêsar Je 1718, Radèn Mas Gusti Sugandi kalampahan têtêp jumênêng pangeran adipati anom, kanthi dipun èstrèni Kumpêni, lênggahipun nyêpuhi kangjêng gusti. Ing pawingkingipun jumênêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan V.

12. Kramatipun

Pasareanipun suwargi Kyai Ngabèi Yasadipura punika sampun dipun cungkup, wujud griya tembok prasaja, kontênipun kuncèn. Dados manawi badhe malêbêt kêdah pinanggih kalihan juru kuncinipun. Ingkang dados juru kunci punika turun-tumurun dumugi sapriki taksih sami warisipun.

--- 98 ---

Manawi sampun lumêbêt ing cungkup, lajêng katingal pasareanipun. Bêbaturipun munggul, sêkara (kijing) nipun sela itêm, mawi kinubêng ing langse. Ing salêbêtipun cungkup punika ingkang sumare kathah tunggilipun, kalêbêt garwa putra, lan sanès-sanèsipun. Ing pojok lèr kilèn patilasan pamêjangan, nalika Sèh Siti Jênar pêpanggihan kalihan Ki Agêng Kêbo Kênanga. Pasareanipun taksih dados panêpèn, sabên ing dintên Jumuwah kathah ingkang sujarah. Mênggah ingkang kalêbêt kaelokanipun, sintên ingkang nyanggarakên janur kuning, manawi katrimah sagêd angsal sasmita wantah, wujud aksara Arab utawi Jawi, tarkadhang ukara jangkêp.

Wondene patrapipun nyanggarakên punika makatên: sintên ingkang gadhah sêdya, sasampunipun dêdupa ing pasareanipun Ngabèi Yasadipura, lajêng prasabên dhatêng juru kunci, manawi badhe nyanggarakên. Sanalika juru kunci lajêng pados janur kuning ingkang taksih enggal, samantên punika bilih ingkang gadhah sêdya dèrèng ambêkta piyambak. Janur punika kêdah ingkang taksih sae, sampun ngantos ingkang sampun bêsêm utawi pating glarit, lajêng

--- 99 ---

kapasang juru kunci wontên ing sandhinging sêkaranipun ingkang sumare. Pamasangipun sadèrènging jam 12 dalu, dene pamêndhêtipun watawis jam 4-5 enjing. Salêbêtipun nêngga punika, cungkup dipun kunci saking jawi.

Nyanggarakên makatên punika manawi katrimah panuwunipun sadalu ngriku ugi sampun angsal sasmita. Yèn dèrèng kaparêng panuwunipun inggih ngantos marambah-rambah. Mênggah ingkang dados titikanipun katarimah, ing janur ingkang kasanggarakên punika wontên sêratanipun Arab utawi Jawi, tarkadhang inggih têtêmbungan. Katingalipun sêratan ingkang wontên ing janur punika manawi dipun tawangakên ing surya utawi lampu. Corèking aksara punika wontên ing nglêbêt botên nabêt dhatêng janur, dados januripun wutuh ayam, botên katingal kados yèn dipun corèk, mila cêthanipun yèn dipun tawangakên. Satunggal-tunggaling aksara sampun wontên suraosipun. Dene ingkang sagêd mangrêtos muradipun aksara punika juru kunci, amargi piyambakipun gadhah kêpèk tilaran. Kadospundi mênggah têgêsing satunggal-tunggaling aksara, katêdhak sungging kados ing ngandhap punika, manawi karampingakên ukaranipun:

--- 100 ---

Alifditulis dengan huruf Arab (dan selanjutnya). = ngalamat bêcik, ambêrkati kajad.

Bak = Gusti Allah paring kabêcikan.

Tak = martobata marang Allah lan tabêria ing gawe.

Tsak = luhur jênêngmu ing dalêm agama, tinêkan sêdyane sarta tinulungan dening satrune.

Jim = nêmu kapenak lan kabêgjan.

Hak = Gusti Allah paring gampang ing sêdyane.

Khok = aja lêlungan, ana wadine gêdhe.

Dal = lamun lêlungan ora adoh, lan kajate gêlis katêkan.

Dzal = parapadu mênang, lan sêdyane gêlis katêkan.

Rok = luhur kuwasane tinêkan kajate, mrihatinake donya lan akerate.

Zain = sakajate tinêkan.

Sin = nêmu kabêcikan, lan kabêgjane saka dêdagangan.

Syin = wêdi ing satrune.

--- 101 ---

Shot = ora tinêkan kajate.

Dhot = antinên sawatara môngsa.

Tok = lamun nyambut gawe ora pakolehan. Bêcik ngadoha.

Dzok = kang dèn sêdya ambêrkati.

Ain = ora tinêkan kajate.

Ghoin = sidêkaha: tulak bilai.

Fak = pisah-pisah panggawene, sawise banjur kumpul.

Kaf = luhur lan tinêkan kajate.

Qof = tumiba sajroning pakewuh.

Lam = kabêgjane saka wong ngumbara.

Mim = olèh cacad saka wong kang ora patut.

Nun = olèh supangat ing dalêm kabêcikan, lan bisa ngalahake satrune.

Wawu = nêmu bêgja saka panggawe bêcik.

Hak = tinulungan, bisa slamêt saka pôncabaya.

--- 102 ---

Lam alif = kang dèn karêpake ora katêkan, bêcik lèrèna.

Yak = olèh kabêcikan lan kuwarasan.

13. Kalangkunganipun Kapujanggan

Andharan ing ngandhap punika ringkêsaning pamanggihipun: Bale Pustaka ing Batawi, ingkang sampun nate kasiarakên wontên ing radhio.

: Sabibaripun pagiyanti taun Walandi 1755, praja Surakarta katingal kados lair malih, ngancik jaman enggal. Nalika punika ingkang jumênêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan III, praja wiwit dipun bangun malih, dandos-dandos karisakan ing salêbêtipun pêpêrangan pintên-pinên taun ingkang sampun kapêngkêr. Rèhning sampun wangsul têntrêm malih, mila anggènipun dandos-dandos wau inggih nuntên katingal wohipun.

: Nanging botên namung tatananing praja kemawon ingkang dipun bangun enggal, sanajan kawontênanipun kasusastran Jawi kala samantên ugi katut dipun dandosi.

: Nalika kraton dipun pindhah saking Kartasura dhatêng Surakarta, punapadene jaman pêrang Pacina tuwin Mangkubumèn [Mangkubumè...]

--- 103 ---

[...n] mèh sadaya sêrat-sêrat waosan ing salêbêtipun karaton sirna utawi kathah ingkang ical. Sarêng nagari sampun tata malih, lajêng karaos kabêtahanipun dhatêng sêrat-sêrat waosan.

: Miturut gotèkipun tiyang ingkang sami paham dhatêng kasusastran Jawi, ing nalika punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan III nuntên andhawuhi abdi dalêm carik, supados iyasa sêrat-sêrat waosan enggal. Abdi dalêm carik wau namanipun Radèn Ngabèi Yasadipura.

: Jaman Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan III, Radèn Ngabèi Yasadipura pasuwitanipun kagêm sangêt. Dipun pasrahi sadaya sêrat-sêratan kraton, tur pinitados ing bab gêgayutanipun kraton kalihan Kumpêni Walandi. Saya agêng malih panguwaosipun Radèn Ngabèi Yasadipura ing bab uthêk kaliwêring praja sarta gêgayutanipun kalihan Walandi, sarêng sampun ngancik jaman Ingkang Sinuhun IV.

: Mênggah damêlanipun Radèn Ngabèi Yasadipura punika ingkang kawitan anjawakakên sêrat-sêrat Jawi Kina, ingkang ing jaman samantên taksih wontên satunggal kalih, inggih punika: Bratayuda, Arjunawiwaha, Arjuna Sasrabahu, [Sa...]

--- 104 ---

[...srabahu,] Rama kalihan Dewa Ruci. Kajawi punika inggih anjarwakakên sêrat-sêrat basa Arab, kados ta: sêrat Menak sarta Ambiya.

: Manawi dipun èmuti, bilih ing jaman samantên punika tiyang Jawi radin-radin sampun botên wontên ingkang mangêrtos dhatêng basa Jawi Kina, môngka bausastra kados ing jaman samangke punika kala rumiyin dèrèng wontên, padamêlanipun Radèn Ngabèi Yasadipura wau sampun nama satunggiling kalangkungan.

: Bangunan sêrat-sêrat Baratayuda tuwin sanès-sanèsipun wau kenging kawastanan misah kalihan babonipun, bawa piyambak. Inggih awit sêrat-sêrat wau tiyang Jawi ing jaman samantên sumêrêp dhatêng cariyos-cariyos kina ingkang sampun kasilêp. Sêrat-sêrat Yasadipuran wau, isinipun dados dhasaripun cariyos padhalangan, basanipun dados dhasaripun basa Surakarta enggal dumugi sapriki.

: Kajawi ambangun sêrat-sêrat kina, Radèn Ngabèi Yasadipura ugi ngarang piyambak, inggih punika:

: Babad Giyanti, DhabadBabad. Prayut, Sêrat Cêbolèk, Sêrat Pasindhèn Babaya.Bêdhaya. Bokmanawi taksih kathah malih [ma...]

--- 105 ---

[...lih] panunggilanipun sêrat-sêrat damêlan Yasadipuran I, namung dumugi sapriki taksih kasilêp, dèrèng konangan ing akathah.

: Sintên ingkang sampun nate maos sêrat-sêrat Yasadipuran wau, mêsthi ngalêmbana, mêsthi tuman, dèrèng sampun-sampun maosipun, yèn dèrèng ngantos tamat saèstu, punapa sababipun.

: Sababipun, sêrat-sêrat karangan Yasadipuran punika isinipun mêntês, nêngsêmakên, liripun sagêd rumasuk dhatêng raosipun ingkang maos, manahipun rumaos kêpranan.

: Isi wau wontênipun sagêd tumanduk dhumatêng raosipun ingkang maos, jalaran wontên lantaranipun, inggih punika basanipun ingkang sae. Botên beda kalihan têtêdhan, basa punika minôngka wadhahipun isi wau.

: Pujôngga utawi tiyang ingkang pangawak kagunan, punika beda kalihan tiyang limrah. Tiyang limrah punika inggih sumêrêp kawontênan ing sakiwatêngênipun, ananging anggènipun nyumêrêpi wau namung grabyasanipun kemawon, botên tumuntên dhatêng lêbêtipun.

: Beda kalihan tiyang ingkang pangawak kagunan utawi pujôngga, [pu...]

--- 106 ---

[...jôngga,] manawi nyumêrêpi punapa-punapa utawi nyipati lêlampahan, ingkang dipun sumêrêpi wau andamêl gêtêring raosipun. Gêtêr wau dipun wêdalakên malih: yèn juru gambar wujud gambaran, yèn pujôngga wujud sêratan. Sarèhning anggènipun nyipati wau mawi tumanduking raosipun, mila panggambaripun utawi panyandranipun wau inggih cèplês, wontên artosipun. Katingal cêtha, èdi, katingal sêsambêtanipun kalihan kawontênan utawi lêlampahan sanèsipun.

: Ing ngajêng sampun katêrangakên bilih tumrapipun pujôngga, gêgambaranipun wau dipun cithak wontên ing basa ingkang sae. Kadospundi basa ingkang dipun wastani sae punika.

: Basa ingkang sae punika sanès ingkang kathah têmbungipun Kawi, ingkang lungit ngantos botên mangrêtosakên. Basa ingkang sae punika ingkang dipun waos sakeca, ukaranipun mapan, cêtha, panganggènipun têmbung botên miyur botên malèsèd. Kadhangkala pujôngga ingkang sampun kados Yasadipuran punika yèn badhe anggambarakên kawontênan, cêkap namung mawi têmbung satunggal kalih kemawon, ingkang maos sampun nyandhak, sampun sumêrêp [sumê...]

--- 107 ---

[...rêp] gambêlang, punapa ingkang dipun kajêngakên. Inggih makatên punika ingkang dipun wastani basa gêsang.

: Manawi dipun petani têtêmbunganipun utawi ukaranipun baka satunggal, mêsthi mrangguli lêpat, utawi mêthuki têmbung prusan. Nanging ingkang makatên wau kados dene dipun jarag, dipun sampar dipun sandhung. Ewadene botên anggrêgêl, ingkang maos botên kraos, sabab ukara damêlan Yasadipuran punika kados dene sampun sanès têmbungipun malih, nanging kantun raosipun ingkang lumèngkèt wontên ing salêbêting ukara utawi têtêmbunganipun wau. Saking sagêdipun anggèning anggambar mawi ukara. Ngantos ingkang maos botên sagêd sanjang punapa-punapa malih, kajawi namung mungêl: O, iya ... bênêr. Lah, ya mangkono kuwi.

: Bedanipun Radèn Ngabèi Yasadipura kalihan pujôngga sanès-sanèsipun, sanès wontên ing ukara utawi têtêmbunganipun, nanging wontên ing wêwatêkanipun pujôngga ingkang karaos wontên salêbêting dêdamêlanipun. Radèn Ngabèi Yasadipura thoklèh, rêmên dhatêng lampah lêrês, sêngit dhatêng lampah sèdhèng. Manawi sampun purun sêngit dhatêng salah satunggaling

--- 108 ---

tiyang ingkang dipun gambar wontên ing karanganipun, kenging kawastanan ngedab-edabi sangêt. Namung kosokwangsulipun, raosipun dhatêng tatakrami lêbêt sangêt. Manawi ngungêl-ungêlakên tiyang utawi ngolok-olok kawontênan, katingalipun wontên ing karangan ngriku, sanès pun pujôngga ingkang mungêl, nanging tiyang ingkang sami dipun wayangakên wontên ing cariyosipun ngriku.

: Ing nginggil punika ringkêsaning kalangkunganipun Radèn Ngabèi Yasadipura I tumrap kapujangganipun.

Katrangan: buku-buku karanganipun Radèn Ngabèi Yasadipura punika taksih sawatawis ingkang dèrèng kawêdalakên. Murih kawuningan ing umum, warisipun badhe manah ing saprayoginipun, supados sêrat têtilaranipun sagêd dados waosanipun bôngsa Jawi.

14. Pêparabipun

Ngabèi Yasadipura punika kajawi asma timur sarta asma sêpuh sadaya, kagungan pêparab pintên-pintên, kados ing ngandhap punika:

1: Pêparab Tus Pajang. Wontênipun pêparab makatên [ma...]

--- 109 ---

[...katên] asli saking pangandika dalêm Sampeyan Dalêm P.B. III, nalika taksih jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom. Amargi miturut salasilah, ingkang suwargi punika turun sinuhun ing Pajang pancêr kakung. Dados saking panggalih dalêm taksih kandêl kapajanganipun,ka-Pajang-anipun. lan mèmpêr yèn taksiha kaserenan kasêktèn sarta kalangkungan kados ingkang nurasakên.

2: Pêparab Tu(tu)s Kajang. Asli paraban saking Kangjêng Ratu Kancana Wungu, pramèswari dalêm Ingkang Sinuhun P.B. III, jaman Kangjêng Ratu Bêruk. Awit ing sadangunipun Ingkang Sinuhun P.B. III. kasmaran dhatêng Kangjêng Ratu Bêruk, ingkang suwargi punika ingkang dados utas-utusan sinandi sêsambêtan dalêm kalihan kêkasih dalêm. Awit saking mungêd-mungêdipun, botên karsa ngandika Tus Pajang nanging Tutus Kajang. Anggènipun Kangjêng Ratu Kancana Wungu marabi makatên punika, nalika mêntanmêntas. mirsani watangan, nuju ing dintên Saptu. Kawrat wontên ing sêrat Babad Bandaran, ungêlipun makatên:

... yèn ajana Si Jangkung pan nora dawa, tingkahe kangmas iki, lan Si Tutus Kajang, kang sok anthuk-anthukan, mangkene dadine iki, Si Jangkung Padhar

--- 110 ---

iku setan bêgêjil.

Katrangan, Jangkung lan Padhar punika abdi dalêm kalawija, dene ingkang dipun sêbut kangmas punika Kangjêng Susuhunan III.

4:Pêparab Kiyai Ngabèi Pasliyun. Yèn wontên parlu dalêm dhatêng tuwan oprup (Opperhoofd) ingkang kautus Radèn Ngabèi Yasadipura I, makatên ugi kosokwangsulipun yèn tuwan oprup, gadhah prêlu dhatêng kraton, ingkang minôngka lantaran inggih ingkang suwargi punika.

Dening tuwan oprup, jaman Ingkang Sinuhun P.B. IV dipun parabi Kyai Ngabèi Pasliyun. Têrangipun makatên:

I. Ing dalêm jaman Pakêpung ingkang suwargi katitik ing sêpuhipun. Sêpuhing yuswa lan sêpuhing panggalihipun, sagêd marangkani bêtahipun Walandi lan prêluning kraton, ngantos manggih karahayon. Punika dipun parabi Kyai Ngabèi.

Pangarang

[Grafik]

R.Ng. Yasapuraya, R. Sasrasumarta, R. Sastrawaluya.

II. Awit saking tansah dados utusan dalêm sarta tuwan oprup, ingkang suwargi kaparaban Pasliyun, ingkang têgêsipun tukang kengkenan utawi palayangan. [palayanga...]

--- 111 ---

[...n.] Mila ugi dipun parabi Ngabèi Caraka.

Pasliyun wau aslinipun saking têmbung Walandi Postiljon saking têmbung Fransch: Postillon têgêsipun: Postvoerman, postbode utawi Postrijder, ingkang cara Jawinipun juru kengkenan utawi playangan (caraka).

Têmbung Pajang punika mèh dados pêparab turunipun ingkang suwargi.

1: Putra: Radèn Tumênggung Sastranagara (Yasadipuran II) nalika taksih pangkat carik kadipatèn anom asma: Pajang Wasistha.

2: Wayah: Radèn Ngabèi Rônggawarsita II, ingkang sumare ing luwar batang Batawi, nalika dados carik kadipatèn, asma: Pajangswara, katêlah: Panjangswara, saking saening swara lan landhung napasipun.

3: Buyut: Radèn Rônggawarsita III, pujôngga ingkang sumare ing Palar, nalika dados carik kadipatèn anom, asma: Pajanganom.

Pratelan isinipun buku punika

Purwaka ... kaca 1

Bagus Banjar ... kaca 5

Nitik Karaton ... kaca 18

Boyongan Karaton ... kaca 29

Sinuhun Kombul ... kaca 34

Pandung Sêkti ... kaca 37

Labuh ing Ratu Gusti ... kaca 44

Salêbêtipun Jaman Pakêpung I ... kaca 50

Salêbêtipun Jaman Pakêpung II ... kaca 61

Krama Dalêm Ingkang Sinuhun IV ... kaca 72

Mirah Sinalin Kalungsu ... kaca 80

Jumênêngan Pangeran Pati ... kaca 89

Kramatipun ... kaca 97

Kalangkunganipun Kapujanggan ... kaca 102

Pêparabipun ... kaca 108