Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Riwajatipun Gusti Raden Aju Woerjaningrat, Wuryaningrat, 1963, #400

Katalog:Riwajatipun Gusti Raden Aju Woerjaningrat, Wuryaningrat, 1963, #400
Sambung:-

Riwajatipun Gusti Raden AjuAjoe.

--- 0 ---

Woerjaningrat

kanggé putra-putra

Kahandharaken Rama K.P.H. Woerjaningrat ing Papanggihanipun para santana Keluwarga Purwodipuran Akad Paing 16 Siam Djé 1894. 10 Pebruari 1963

--- 1 ---

CATHÊTAN RIWAYATE IBU G.R.Ay. WURYANINGRAT WIWIT PALAKRAMA NGANTI SURUD

Bismillahir rachmanir rachim!

Anak-anakku kabèh!

Awit saka gêdhening atiku, suka sukur dene Allah katon ngayomi ibumu gusti, mula aku dêrêng gawe cathêtan riwayate ibumu gusti, mêsthine iya mung pokok-pokoke wae, mundhak ngandhar-andhar, ora cêtha. Tak wiwiti kaya ngisor iki.

Ibumu gusti, kuwi miyose dina Kêmis Kliwon tanggal 3 Sapar Ehe 1828 wuku Manail.§ 24 Juni 1898.

Palakrama olèh aku, dina Sênèn Pon tanggal 19 Ruwah Ehe 1844, dadi isih ênèm bangêt, yuswa 16 taun. Pancèn prasaja, wêrni lan tindak-tanduke pantês, ora tau ngêndika kasar. Buktine kowe wêruh dhewe, yèn duka bangêt mung mbrêbês mili. Cacade, slirane ringkih.

Nalika dadi pêngantèn, ana lêlakon anèh, kaya-kaya disihi ingkang rama sawarga I. S. P. B. X, tandhane diparingi kalung [ka...]

--- 2 ---

[...lung] beda karo liya-liyane. Pancène kalung mau arêp diagêmake pramèswari dalêm G. K. R. Hêmas. Bapakku, dadi eyangmu K. R. A. Sosrodiningrat IV, uga ngasihi, maringi pêniti sêmyok cacah 3, modhèl anyar, wêlingan van Areken. Sanadyan barleyane ora jênêng gêdhe-gêdhe, nanging wujude istimewa. Kalung sarta pêniti mau yèn diagêm dadi pêpinginan.

Paring dalêm I.S.P.B. X lan paringe eyangmu K.R.A. Sosrodiningrat IV kuwi dianggêp mêsiyat, diêmi-êmi bangêt, saprene isih. Dene mas intên pêthukan liyane lumrah wae, saiki salong wis ora ana, diparingake anak-anak, klêbu anak kuwalon, kanggo nambêl kêbutuhan balegriya sarta fonds pancaroba kurang luwih Rp. 300.000,-. Uga ana celengan, barêng takbukak, sawise ibumu gusti seda, jêbul isi dhuwit Rp. 5.000,- "uang saku" kanggo aku. Unine ing kono "Sadurunge bisa maris, dhuwit iki takaturi nganggo sênêng-sênêng dhisik". Atiku ora mung trênyuh wae, nganggo anglês bangêt.

Aku njur eling, tau ngêndika mênyang aku: "Mas aku isin, yèn aku mung kokwènèhi têrus, dadi sangganmu. Aku sakbisa-bisa kudu mbantu".

--- 3 ---

Dadi têrang yèn ibumu gusti kuwi bêkti tênan mênyang lakine.

Mungguh anggone kagungan putra mbarêp, sadulurmu Saparno, dina Akad Paing tanggal 10 Mulud Dal 1847, dadi ibu lagi yuswa 19 taun. Putrane angka 2 Saparto, angka 3 Saparso, angka 4 kêluron, angka 5 Sawaras, lanang kabèh. Laire Sawaras dina Rêbo Paing tanggal 18 Rêjêb Jimawal 1853, dadi ibu gusti yuswa 25 taun.

Sarèhne olèhe kagungan putra kêkêrêpên, lête cêdhak-cêdhak, mangka slirane ringkih, Dr. K.R.T. Wedyodiningrat mrayogèkake aja kagungan putra dhisik, diwatêsi 3 taun. Sawise 3 taun dipriksa, diulur 3 taun manèh, suwe-suwe ature Dr. K.R.T. Wedyodiningrat: "Mbok inggih sampun mbotên kagungan putra malih mawon gusti !". Pamrayogane dhoktêr mau diturut, ditêtêpi. Dadi wiwit yuswa 25 taun njur wis ora cumbana, mula Sawaras dadi ragil.

Putra-putrane iya sêkolahan kabèh, mung emane, durung ana kang tamat sêkolah kang dhuwur dhewe.

--- 4 ---

Miturut kahanan kasbut dhuwur mau, ibumu gusti kajaba bêcik olèhe ngopèni balegriya, uga bêcik pênggulawênthahe mênyang anak-anak.

Ibumu pancèn arang-arang miyos mênyang ngêndi-ngêndi, yèn ora pêrlu tênan. Ewadene tau ngêdêgake lan nyêpêng pakumpulan, yaiku jênêng Putri Narpawandawa. Anggone dipilih dadi pangarsa kuwi, amarga akèh kang nganggêp, yèn ibu iku sabar lan landhêp pênggalihe, dadi pratitis. Dhèk samana P.N.W. mbanjur mêgar, kongsi bisa madhani pakumpulan-pakumpulan wanita liyane sarta mlêbu dadi warganing fedhêrasine pakumpulan-pakumpulan wanita.

Sajrone nyêpêng P.N.W. thukul tekade kang mantêp, bêcik, kêrêp dingêndikakake, yakuwi êmoh èlèk. Mêsakake anak-anak sabanjure, uga nglèpèti mitra-mitra kang gêgandhengan. Tekad mau digondhèli kêncêng, nganti surud.

Anggone nyêkêl P.N.W. nganti têkane Nippon, mbubarake kabèh pakumpulan-pakumpulan, klêbu P.N.W. kurang luwih 15 taun.

Ing jaman kamardikan, P.N.W. diêdêgake manèh, ibu mundhut lèrèh, amarga

--- 5 ---

kêrêp gêrah, digêntèni G.R.Ay. Yudonagoro, kang maune wakil pangarsa P.N.W.

Aku eling, nalika aku ditari dadi pêpatih dalêm dening parentah Walanda sapisan mêtu rademaker architect, kapindho mêtu wêdana polisi, kaping têlu diundang gopêrnur dhewe, siji-sijine pênari mau lête ana 5 taunan. Uga ana kêparênge ibuku, eyangmu putri B.R.Ay. A. Sosrodiningrat IV, timangku jagung sêpipil paringe eyangku, dadi eyang buyutmu K.R.A. Sosronagoro sumare Manang, arêp diijoli jagung sêpipil kang barleyane gêdhe-gêdhe.

Ibumu gusti mêling mênyang aku mangkene: "Mas aja nggalih kêluhuran lan bandha wae, nanging iya nggaliha kahanane bakal bisa bêcik apa ora!". Tumrap timang, ibumu gusti ngelingake "Mas yèn timange diijoli, njur ilang mêsiyate Pak Gêdhe Manang".

Pênari pêpatih dalêm, aku ora bisa nglakoni, dene timang aku ora nyaosake.

Lêlakon kang takandharake ing ngarêp, manawa digandhèng karo kahanan nalika arêp surud, ibumu gusti katon entuk [en...]

--- 6 ---

[...tuk] pangoyamaningpangayomaning. Allah, kagawa laku, tekade kang bêcik, ichlas lan mantêp mênyang Allah.

Anak-anakku kabèh!

Nalika tumbukku palakrama karo ibumu gusti têtêp 48 taun, takpèngêti sanadyan ora nganggo pasamuwan, kang têka iya akèh. Sawise mèngêti tumbuk palakrama, anggêr-anggêr aku ngrêmbug iya arêp mèngêti tumbukku umur 80 taun, mêsthi kawêtu panggalihane ibumu gusti "Kangmas aja seda dhisik!". Kêrêp bangêt dingêndikakake, nganti ana rasa slirane mundhut seda dhisik wae. Kêrsane ibumu gusti, tumbukku 80 taun ora nganggo jagongan, iya takturut, nanging manawa ana kang têka, apa ditolak? Wangsulane: "Iya ditampa, suguhane, sakanane wae".

Kalakon tumbukku 80 taun, tanpa jagongan, mêksa akèh kang têka. Ibumu gusti pancèn wis ora sêkeca, dipêksa miyos, ngêndikane: "Wong bojone ditêkani wong akèh, aku kok ora nêmoni.

Wiwit dhèk samana têrus ora sêkeca nanging isih nêtêpi gawa-gawene tumrap balegriya. Dene kang jênêng gêrah, wiwit tanggal 1 Dhesèmbêr 1962,

--- 7 ---

diprayogèkake dhoktêr supaya "ngaso" (bed-rust), têkaning surud gêrahe 27 dina.§ 28 Dhesèmbêr 1962.

Mungguh dhoktêre kang nggarap Dr. K.R.T. Moh. Salèh Mangundiningrat. Basa Prof. Dr. Moh. Salèh mau wafat, dicêkêl Dr. K.R.T. Padmonagoro lan Dr. R. Prabowo. Jururawat kang ngladèni R. Ngt. P. Brojosaksono.

Têmênan aku ora nyana yèn gêrahe ndadèkake sedane, amarga dilolohi apa wae kêrsa, ora tau nuntak utawa kêsêlak-sêlak. Dhahar malah mudhutmundhut. dhewe, turas bobotan mundhut dhewe. Dadi aku duwe pêngarêp-arêp isih kêparêng sugêng. Uga tansah eling, ugêr dilolohi mêsthi dietung, êndi kang durung dilolohake, iya mundhut. Kahanan mangkene mau nganti lape, gawe lamlamên kang padha ngopèni.

Dina Slasa 25 Dhesèmbêr 1962 ibumu gusti ndangu, iki dinane apa? Diwangsuli, dintên Slasa Kliwon kaping 28 Rêjêb. Ngêndikane ibumu gusti: "Kok Slasa, êmoh nèk Slasa. Sawise dina Slasa, dina apa coba". Rêbo Lêgi, Kêmis [Kê...]

--- 8 ---

[...mis] Paing, Jumuah Pon. Barêng têkan Jumuah Pon, ibumu gusti ngêndika: "La iya Jumuah Pon tanggal 1 Ruwah, iki wae".

Dinane Rêbo kira-kira janjam. 2 awan, bubar dhahar, dhawuh mênyang sadulurmu Saparto: "Gud, kowe aja lunga. Kêmulku bukakên, aku arêp dolan mênyang Mêkah munggah kaji". Sadulurmu Saparto matur: "Bu, mbok dalêm ndhèrèk, kajênge sumêrêp". Wangsulane: "La iya ta, mèlua !". Banjur sare. Wêktu mau udan dêrês. Kira-kira jam 3 awan wungu, nimbali "Gud, piye ta iki, wong kodanan klocut ngene kok ora gêlêm nyalini!" Age-age padha marani, jêbul sakojur slirane têlês kabèh, pênèpèlane (rangkêpan) iya kêbroh.

Uga dina Rêbo mau kira-kira jam 3 bêngi, ibumu gusti nglilir, kang nunggu sadulurmu Saparto. Ngêndikane: "Lo kok kowe, Gud. La bapak, ana ngêndi ?". "Wontên dalêm bu". "Lagi apa?" "Sawêg sare !" Ngêndikane ibumu gusti: "Jam pira ta iki ?". "Jam 3 dalu, bu !". "Mêsthine wis dhahar, ya" "Inggih, sampun".

--- 9 ---

Ibumu gusti banjur ngêndika: "Takkandhani ya Gud, ragaku wis ora kuwat. Aku suwuna ngapura bapak. Bapak aja kok aturi têdhak mrene, wis sêpuh, mundhak akèh-akèh kang digalih ! opènana bapak, amarga ragaku wis ora kuwat. Raga kuwi kêdadèan saka têlu. Iki dudu duwèkku, silihan kabèh, dadi aku kudu mbalèkake mênyang kang duwe dhewe-dhewe". Ature sadulurmu Saparto: "La sing duwe dhewe-dhewe niku sintên, gèk olèhe mbalèkake pripun bu ?". Wangsulane ibumu gusti: "Iya sing duwe dhewe-dhewe iya dibalèkake, wong barang silihan kok!".

Sadulurmu Saparto banjur matur: "Bu sing matur nandalêm ngatên niku sintên ?" Wangsulane: "Kowe takon ta ?. sing kandha aku kuwi, sing ora mèlu lara, iya ora katut susah, dadi kang ora lara lan ora susah !" "La niku sintên, bu?" "Ah, iya golèkana dhewe!

Sadulurmu Saparto matur: "Bu, mugi-mugi Gusti Allah ngijabahana sadaya ngêndikane dandalêmnandalêm. wau. Dalêm mawon nyuwun pangèstu". "Hê êh". Sadulurmu

--- 10 ---

Saparto matur manèh: "Bu, bu dalêm§ dalêm sasadhèrèk. nyuwun pangèstu, nggih bu, nggih". Ngêndikane ibumu gusti: "Iya !" Dening wangsulan iki, sadulurmu Saparto marêm bangêt, rumangsane kêna diênggo sangu urip.

Dinane Kêmis Paing kira-kira jam 11 awan, sadulurmu Saparto ditimbali, dingêndikani mangkene: "Gud, aku mau esuk dibisiki, mêsthine ya takiyani wae. Ning wis taktonton, ora penak kabèh, kuwi dudu nggonku. Aku winwis. mantêp siji kok, duwèkku dhewe,§ nggonku dhewe,. saiki wis ngêblak, rêsik, padhang jingglang. Sadulurmu Saparto matur: "La ngriku wontên napane bu ?" Wangsulane Ibumu: "He ? Wis ora ana apa-apa !".

Uga ing dina Kêmis Paing mau, sawise didandosi jururawat, kira-kira jam 7 sore, sadulurmu Saparto ditimbali, dingêndikani mangkene: "Gud, kowe kok ora nginguk-nginguk aku. Sawangên aku, ta !" Ature sadulurmu Saparto: "La êmpun ayu ngatên kok bu, bubar dandos". Ibumu gusti ngêndika manèh: "Ora ta, waspadakna tênan !" Barêng diwaspadakake,

--- 11 ---

rumangsane sadulurmu Saparto kang ana mung kêmul karo guling. Mula enggal-enggal dirungkêbi karo muni: "Bu, buu !" Wangsulane ibumu gusti: "Ora kok, ora saiki, suuk !".

Sawise mbanjur mundhut turas, lêt sawatara mundhut bobotan, dadi ora tau ngoprok. Kotorane ditonton sadulurmu Saparto ya lumrah wae.

Kira-kira jam 10 bêngi mundhut êndhokêndhog. mêntah karo madu. Basa wis arêp diunjukake, R.M. Riyo P. Sinduatmojo kang uga ana kamar, klepat mêtu, kandha nyang sadulurmu Saparto: "Mêngke yèn kêsêlak rak mbilaèni !" Basa bali mênyang kamar wêruh yèn ora apa-apa, nggumun bangêt. Nggone nguntal êndhok iya glêk, lumrah wae, ora sêthithik-sêthithik ora kêsêlaksêlak.

Jam 11 bêngi, bubar dilolohi tès, ibumu gusti mbanjur sare. Têngah wêngi atine sadulurmu Saparto ora kêpenak, mula matur kamase, Saparno, supaya mêthuk dhoktêr. Kira-kira jam 2.30 bêngi, dhoktêr R. Prabowo têka. Miturut pêpriksan ana complicatie, kaanane nguwatirake bangêt, disrantèkna sajrone 5 jam.

--- 12 ---

Dhoktêre mungkur, jam 3.45 esuk ibumu gusti surud. Nalika lape, kang padha nunggoni mèh kêtilapan, amarga wiwite lêlampah ora kêtara, lêlampahe rikat tur alus, ora ana 5 mênit. Wis mapan dhewe, sêdhakêp, tutuke dhèmês, mèsêm, pasuryane ayu, guwayane ijo. Lêlampah sarta kaanan mangkene ini,iki. mèmpêr eyangmu buyut K.R.A. Sosronagoro Manang, prayagung luhur tur maratapa.

Kang taknggumuni kuwi, ibumu gusti durung tau mêguru kok bisa kaya mangkono, nganti aku kawêtu mênyang kang padha nglayad, aku kang dhêmên mêguru lan dhêmên kêbatinan, durung têmtu yèn bisa kaya sedane ibumu gusti mau. Ibumu iya ora tau salad, ora tau nyênyirik, pasa sapêpadhane.

Dene kang nunggoni surude, sadulurmu Saparsa, mbakyumu Saparno, R.M. Riyo P. Sinduatmojo lan abdine ibumu jênêng Daliyêm, kang ngopèni wiwit gêrah R.M. Riyo P. Sinduatmojo kawêtu mênyang sadulurmu Saparto, "Wah mas, pêngalaman kangge kula, dèrèng nate

--- 13 ---

nênggani priyagung surud kados ibu gusti !. Wong ditunggoni njêgrêg kok arêp ditilapake".

Miturut plapurane sadulurmu Saparto, nalika lape, kabèh kang padha nunggoni nyêmbah barêng, rasane kaya ana daya istimewa, sarta mbanjur padha ngabêkti, dadi surude dina Jumuah Pon tanggal 1 Ruwah Je 1894 wuku Dhukut.§ Anggone palakrama 50 taun.

Aku dikandhani sadulurmu Saparto yèn ibumu gusti surud, ora kêna takampêt, mbêngok, nangis !

Manawa koktonton andharanku kabèh, kokcocokake karo wulang-wulang kêbatinan ibumu gusti têrang nêtêpi wêwaton lan tujuane kêbatinan.

Anak-anakku kabèh !

Saiki aku arêp ngandharake lakuning layon. Wiwit gêblag nganti disirami, dina Sêtu Wage kaping 2 Ruwah Je 1894 jam 1 awan, akèh tamu-tamu, tuwi lan caos bêkti.

Nalika sirame, kang nyirami putri-putri [putri-p...]

--- 14 ---

[...utri] dalêm, para putri-putri liyane, kang mangku sêntana-sêntana wadon, padha rumangsa ora mambu mayit sarta isih lêmês kaya dhèk sugênge.

Sawise disirami, didandosi, mbanjur dilêbêtake trêbêla.

Sêtune sore iya isih akèh tamu-tamu, malah Ingkang Sinuhun P.B. XII uga rawuh. Para santri tangga-tanggaku, kêwanuhanku, jamhur-jamhur agama, kaya ta R.T. Handipaningrat, pêngulu karaton, R.M.Ng. Kartohastono, R.Ng. Nitihastono, R. Ng. CodrodiprojoCondrodiprojo. lan liya-liyane padha nyalatake utawa tahlilan ana sajêdhakesacêdhake. trêbêla.

Bêngi têngah wêngi, mung kari ditunggu santri lanang 3, wong wadon 4, ana dalêm kêprungu lamat-lamat suwarane tahlilan sawêngi muput. Aku dhewe kang ana kamar uga krungu, mangka kang ana dalêm padha mênêng wae.

Akad Kliwon kaping 3 Ruwah Je 1894 jam 9 esuk diangkatake mênyang pasarean dalêm Imogiri. Kang nglayad iya istimewa akèhe. Plataranku dibarisi warga-warga Putri Narpawandawa padha urmat, nganggo pêjagan pasumbang polisi cacah [ca...]

--- 15 ---

[...cah] 3.

Kang ngusung layon para sêntana-sêntana lanang sarta kêpenakan-kêpenakan gusti saka kraton, dijajari krans kira-kira 100. Pangusunge katon ènthèng sarta antêng.

Lakuning motor layon nganggo jajaran pasumbang polisi cacah 2, pancène mung têkan watês kutha, nanging padha njaluk kêtuk Imagiri. Dene kang ndhèrèkake nganggo motor preman 15, bis 5 lan pickup-pickup, kira-kira 400-san.

Têkan Imogiri, mbanjur dipikul munggah, dijajari barisan krans. Kang padha mikul rumangsa mambu wangi tur ènthèng, mula munggahe undhak-undhakan bisa jêjêg, rikat. Satêkane pasarean mbanjur disarèkake, ditalkim. Sawise kang ndhèrèk diaturi ngunjuk lan dhahar, jam 1 awan padha bali mênyang Sala.

Iki ana anèh-anèhan angkating layon saka Sala mênyang Imagiri ora udan ora panas, nanging padhang. Mulihe, kang padha ndhèrèkake têkan Ngayoja, udan dêrês bangêt, banjir, motor nganti mèh ora bisa mlaku.

--- 16 ---

Miturut andharanku kabèh, ibumu gusti olèh pitulunganing Allah.

Awit saka iku aku pitutur mênyang kowe, anak-anakku kabèh, aku yakin, ibumu gusti wis marêg ing Allah. Surud ing dina Jumuah sasi Ruwah, mituturmiturut. Al Qur'an tanpa rêridhu sarta tanpa pandangon saka malaekat, kaya sawarga I.S.P.B. IX. Mung bedane, surude kaping IX Ruwah pungkasan, ibumu gusti, Ruwah kawitan, awêwaton petungan Jawa, surud Jumuah Pon, nêptune 13, petungane tiba "sêgara". Kang surud mulya, kang ditinggal bakal kabêgjan.

Mula kêna kok pêpundhi, dadi lantaran suwunanmu maring Allah, mêsthine iya suwunan kang bêcik-bêcik.

Minangka pênutup aku mêmuji: Innalillahi Wainna IllahiIlaihi. Rojiun.

Kadamêl amarêngi wilujêngan kawan dasa dintên: Slasa Paing 11 Siam Je 1894. 5 Pebruari 1963.

[Grafik: Silsilah]