Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Palapuraning panitra nalika têdhak Madura, c. 1936, #1758

Katalog:Palapuraning panitra nalika dhèrèk pangarsa têdhak Madura, Prajakintaka, c. 1936, #1758
Sambung:
1.Palapuraning panitra nalika têdhak Madura, c. 1936, #1758. Arsip dan Sejarah | Galeri #333.
2.Palapuraning panitra nalika têdhak Madura, c. 1936, #1758. Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #74.

No. 18, SMP-RP # 61

Palapuraning panitra nalika dhèrèk pangarsa têdhak Madura.

Internationale Crediet- en Handelsvereeniging

Rotterdam

--- 1 ---

Awit saking dhawuhipun pangarsaning Pahêman Radyapustaka Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, nalika dintên Jumungah kaping 17 Januari 1936, kula kadhawuhan nusul panjênênganipun têdhak Surabaya ngrumiyini andhèrèk wiyos dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sakalihan pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas, têdhak martuwi gêrahipun Kangjêng Tuwan Guprênur ing Surakarta wontên panti roga ng Surabaya.

Angkat kula saking dalêmipun Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat, wanci jam 6 enjing, kadhèrèkakên numpak motor, titihan dalêm ingkang kagêm andhungan wontên ing Surabaya, antawis jam 8 dumugi Dhusun Klithèh, Kadhistrikan Padhas Kabupatèn Bawi,Ngawi. motor kèndêl botên sagêd malampah katiti priksa wontên ingkang risak prabotipun, dados dadak andadosi ngantos kalih jam satêngah sawêg rampung lajêng mangkat, dumugi Nganjuk risak malih, ugi dadak andadosi nanging namung sakêdhap lajêng mangkat, kala samantên jawah ragi dêrês, [dêrê...]

--- [2] ---

[...s,] dados lampahing motor karikatakên, dumugi Hotèl Oranyê palêrêban dalêm sampun wanci jam 1/2 4 sontên, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ngêntosi wontên ngriku, kula lajêng kadhawuhan andhèrèk kondur dhatêng griyanipun ingkang putra mantu Mèstêr Dhoktor Subrata, kapapanakên wontên kamar piyambak.

Dintên Sabtu wanci jam 12 siyang, rawuh dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surabaya, lêrêm sawatawis lajêng têdhak ing panti roga martuwi Kangjêng Tuwan Guprênur wau, namung sawatawis dangunipun lajêng kondur ing palêrêban dalêm Hotèl Oranyê.

Sontênipun amêng-amêng, mampir ing griyaningriyanipun. MèsèstêrMèstêr. Dhoktor Subrata, dangunipun watawis kalih jam, kondur ing palêrêban dalêm Hotèl Oranyê.

Dintênipun Akad, Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, têdhak ing Kabupatèn Grêsik, sarawuh dalêm dipun papagakên ingkang Bupati Radèn Adipati Arya Suryawinata sagarwa, wontên [wo...]

--- 3 ---

[...ntên] antawising pandhapa kalihan pringgitan, sampeyan dalêm ingkang wicaksana taksih wontên ing titihan, dhawuh dhatêng ingkang bupati bilih badhe lajêng têdhak ing Giri, amargi putri dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun badhe jiarah dhatêng pasareanipun Sunan Giri, ingkang bupati mangayubagya lajêng bidhal, sarawuh dalêm ing Giri kèndêl wontên ngandhap, putri dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun kanthi ingkang raka Bandara Kangjêng pangeran Arya Adiwijaya saha Bandara Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, punapadene ingkang bakyu Bandara Radèn Ayu Cakradiningrat minggah ing pasarean, kadhèrèkakên para priyantun dalêm saha para abdi dalêm badhaya, punapadene para abdi dalêm panèwu mantri urdhênas ingkang ngampil-ampil tindhih Radèn Mas Arya Bratadipura abdi dalêm bupati anom carik kasêpuhan, sampeyan dalêm ingkang wicaksana sakalihan pramèswari dalêm kaparêng angêntosi wontên titihan, ingkang ngadhêp putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, saha Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat, Radèn Mas Tumênggung Jayadipura, Radèn Tumênggung Suma- [Suma...]

--- [4] ---

[...-] dipura sarta Radèn Ngabèi Riya Atmasutiksna, ngampil songsong. Gusti Kangjêng Ratu Pambayun saha ingkang raka Bandara Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara punapadene ingkang bakyu sapandhèrèkipun wau sami ngabêkti pasareanipun Kangjêng Susuhunan Giri, sarampungipun sadaya, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya malêbêt ing cungkup, kula katimbalan, lajêng dhawuh dhatêng pangulu mundhut pirsa dhuwung pusaka ingkang sumanggar wontên ngriku, pangulu amêndhêt pusaka wau, kapandhi lajêng ngadhêp, kèndêl sawatawis, lajêng munjuk punapa kaparêng kaunus, sarêng sampun kaparingan dhawuh kaparêng, pusaka kaunus, kapriksa, kula ugi kadhawuhan mariksa sarta nyatitèkakên. Mênggah pusaka wau nama Kyai Sura Angun-angun, wujudipun:

Luk tiga wêlas, kêmbang kacang, lambe gajah lômba, jalèn, grènèng ri pandhan, sogokan, pejetan, sraweyan, lis gusèn, ada-ada, gônja sêbit lontar, sinarasah kamarogan, gônja pitu, tosan alus madhêt, sêkar adêg, mrambut, nanging awit saking [sa...]

--- 5 ---

[...king] rêgêd sangêt dados katingalipun kêlêm, makatên ugi tosanipun dados kirang guwaya, kapetang taksih wêtah, namung luk ingkang angka 11 ragi risak, tangguh Blambangan, nanging pangandikanipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, dhawuh dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan tangguhipun purwa.

Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya andangu mênggah limrahipun tangguhipun dhatêng pundi, aturipun pangulu botên mangrêtos dhatêng tangguh, namung cariyosipun tiyang sêpuh punika iyasanipun Sunan Giri ingkang kaping tiga.

Dhuwung wau kinanipun asring kendran, mila sarêng kapanggih ingkang pungkasan, panyimpênipun dados têtanggêlanipun bupati ing Grêsik, sarana bêslitipun guprênur Jawi Lèr, Kangjêng Tuwan, ... katitimangsan kaping 27 Oktobêr 1772, suraos dhuwung wau salami-laminipun kêdah dados pusaka wontên pasarean Giri, bokmanawi punisapunika. sababipun anggèning botên kenging dipun cêpêng tiyang sanès, sabên wontên ingkang

--- [6] ---

mriksani, ingkang ngunus inggih pangulu wau, dene prabotipun: sarungan wangun Ngayogyakarta, pêndhok kêmalo cêmêng. Panyimpênipun wontên pêthi manggèn salêbêting cungkup pasarean ingkang nglêbêt piyambak.

Kasêbut ing Sêrat Walisana

Kangjêng Susuhunan Giri

Punika putranipun Sèh Walilanang, patutan saking putri Balambangan, lair ingkang ibu seda konduran, jabang bayi linabuh ing samudra, sinarah ing juragan Samboja kapêndhêt anak, sinung nama Radèn Satmata, juragan Samboja sangêt asih trêsna dhasar botên gadhah anak, mila sangêt ing pangêla-êlanipun. Ing satilaripun donya Ki Juragan Samboja sabojonipun, rajadarbèkipun kapasrah ing Radèn Satmata, sarèhning taksih rare panindakipun samukawis kapitajêngakên kulawarganipun ki juragan, anuju ing satunggaling dintên Radèn Satmata dolan-dolan wontên ing gêgisik, anglêrêsi wontên nangkoda ing Bonang kèndêl ing ngriku, sumêrêp rare bagus dolan tanpa kanthi

--- 7 ---

tinakenan mangsuli yèn botên gadhah bapa biyung, tinantun ingambil suta, purun, lajêng binakta ing baita mantuk dhatêng Bonang botên kacariyosakên bingung sarta susahipun para kulawarga, Radèn Satmata sangêt ingugung, sarêng ing alami-lami Radèn Satmata kacaosakên dhatêng Ngampèldênta supados winulang ngaji, katampèn sarta kangjêng sunan sangêt sihipun katunggilakên para putra.

Ing satilaripun ki nangkoda Bonang sarajadarbèkipun dados gadhahanipun Radèn Satmata, dados kapêksa nglampahi dagang.

Ing alami-lami Radèn Satmata pinundhut putra Pangeran Pinatih ing Tandhês, ingalih nama Pangeran Kalipah, lajêng abêbadhe ing Giri binabadan kinarya dhukuh, wontên ing ngriku tansah tilawat Kuran, lajêng kathah ingkang tumut gêgriya, Pangeran kalipah lajêng anata para rencang pinatah ing kawajibanipun piyambak-piyambak, botên kacariyos laminipun Pangeran Kalipah mirêng pawartos manawi ingkang rama Sèh Walilanang wontên Patukangan, lajêng sowan dhatêng Tandhês, pamit ingkang rama Pangeran Pinatih yèn badhe dhatêng Patukangan angyaktosakên [a...]

--- [8] ---

[...ngyaktosakên] pawartos wau, jinurungan mangkat, dumugi ing Patukangan sayêktos ingkang rama, sami sangêt ing suka sukuripun, Pangeran Kalipah dipun dhêg botên parêng wangsul dhatêng Tandhês sarta ing Giri, ngantos lami anggènipun dhèrèk kang rama. Ing sasedanipun kang rama wangsul dhatêng Tandhês, Pangeran Pinatih tansah ngêngimur rudatining putra, sarêng sampun lipur sawatawis lajêng kondur dhatêng Giri, sangêt gênênturgêntur. tapanipun, tinarima abadan suksma, awas ing Giri sirna wujuding donya, sangsaya agêng pasantrènipun, lajêng krama angsal putranipun Kangjêng Sunan Ngampèldênta. Nalika Kangjêng Sunan Ngampèldênta gêrah sangêt badhe seda, para wali pêpak sami têtuguran, Pangeran Kalipah matur ing Kangjêng Sunan Ngampèl sasedanipun linilana jumênêng ratu, supados jumênêngipun Ratu Adipati Bintara sampun ngantos katingal ngêndhih karatoning rama, sarta sampun nama gumantos ing ratu kapir, Kangjêng Sunan anjurungi. Sarêng seda antawis tigang wulan Pangeran Kalipah saèstu jumênêng nata nama Kangjêng Susunan Ratu ing Girigajah Kadhaton.

--- 9 ---

Ing dintenipun Sênèn Sampeyan Dalêm ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sakalihan pramèswari dalêm têdhak amêng-amêng mariksani kêbon kewan, kula kadhawuhan dhèrèk angrumiyini, sontênipun tedhak prêsitê ing guprênuran Surabaya.

Ing dintênipun Salasa Sampeyan Dalêm ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sakalihan pramèswari dalêm têdhak mariksani griyanipun Kangjêng Radèn Tumênggung Wedyadiningrat ing Trètès, kondur dalêm kaparêng mampir têdhak ing griyanipun Mèstêr Wiryana Prajadikara ing Sidaharja, putra mantunipun pêpatih dalêm Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara.

Kula kadhawuhan jiarah dhatêng pasarean Ngampèldênta sarta Bataputih, mênggah pasarean Ngampèldênta punika pasareanipun Kangjêng Susuhunan Nganpèldênta, dumunung wontên sawingkinging masjid, pasarean wau botên kacungkup, namung kapancaksuji ing tosan kontênipun kagêmbok, pasareanipun lètèr botên mawi awak-awakan. [awak-a...]

--- [10] ---

[...wakan.] Ingkang minôngka tandhaning pasarean, maejan sela agêng dipun sami kalihan agêngipun maejan sêkaran sela limrah, punika cariyosipun juru kunci pancèn ingkang sumare botên karsa dipun cungkup, sampun kalampahan wontên ingkang nyungkup, lajêng risak kabuncang ing angin agêng.

Kasêbut ing Sêrat Walisana

Kangjêng Susuhunan Ngampèldênta

Punika putranipun Sèh Ibrahim Asmara, patutan saking putrinipun Raja Kiyan ing Cêmpa, timuripun nama Radèn Rahmat, nalika ngajawi anjujug Majapait sowan ingkang uwa Dèwi Dwarawati, pramèswarinipun Prabu Brawijaya, rencangipun ingkang rayi nama Radèn Ngali, sarta nak-sanak putranipun Prabu Anom ing Cêmpa nama Radèn Aburerah, Prabu Brawijaya sakalihan pramèswari Dwarawati sangêt bingah ing galih katamuan pulunanipun, mila tansah sinuba-suba ing pasunggata sarta badhayan sarimpèn, tuwin lêlangên mawarni-warni, nanging Radèn Rahmat sasêdhèrèk [sa...]

--- 11 ---

[...sêdhèrèk] sami kirang rêna dene sadaya wau sami cacêgah ing agama Islam, Prabu Brawijaya nguningani para pulunan sami asmu duhkita, dinangu karananipun, sarta mênawi badhe gadhah panuwun, nyuwun punapa, sasagêd-sagêd badhe dipun paringi, aturipun Radèn Rahmat botên gadhah sêdya nyênyuwun, namung sang prabu kaparênga ngrasuk agami Islam, sang prabu botên karsa. Radèn Rahmat sasêdhèrèk pamit badhe mantuk dhatêng Cêmpa. Prabu Brawijaya botên marêngakên amargi mirêng manawi ing Cêmpa risak binêdhah ing mêngsah ratu ing Koci. Lajêng sami pinikramakakên Radèn Rahmat angsal sutaning Arya Danu, Radèn Ngali sarta Radèn Aburerah sami angsal sutaning arya Teja ing Tuban lajêng sami kaparêngakên Arya Lêmbusura ing Surabaya, ingkang nunggil agama, sadhatêngipun ing Surabaya wong agung têtiga sami bingah ing manah sênêng têntrêm wontên ing ngriku. Ing alami-lami Radèn Rahmat lajêng kaprênahakên dados imam ing Surabaya, dêdalêm ing Ngampèldênta, nama sunan [suna...]

--- [12] ---

[...n] Ngampèldênta, Radèn Santri Ngali jinênêngakên imam ing Grêsik nama Raja Pandhita, Radèn Alim Aburerah, jinênêngakên imam wontên ing Maja Agung, nama Sunan Majagung.

Nalika Kangjêng Sunan Ngampèldênta gêrah badhe seda, Adipati Bintara sarta para wali sami tuguran, Kangjêng Susuhunan mêling dhatêng para putra, ing sasedanipun botên lilaninlilanin: Tidak perlu dibaca. dipun lilani ambanon inggil pasareanipun, tanpa sêkaran namung ingandikakakên banon tigang rimbag, sarta botên kalilan dipun payoni.

Para putra wayah sami kadhawuhan anglêluri lampahipun anêtêpi agami Islam, lajêng dhawuh dhatêng Adipati Bintara yèn ing têmbe Karaton Majapait ngalih dhatêng Bintara, kanamakna nagari Dêmak Ngawantipura, sarta ajêjuluk Kangjêng Sultan Ngabdul Kamit. Sadèrèngipun jumênêng nata anamaa Panêmbahan Pulembang.

Pangeran Kalipah matur (mariksanana Babad Sunan Giri) Kangjêng Sunan lajêng dhawuh dhatêng Sunan Majagung, sapêngkêripun, ingkang linilan gumantos dados imaning para wali, Pangeran [Pange...]

--- 13 ---

[...ran] Bonang kalihan Pangeran Kalipah ing Giri, Sunan Majagung matur sandika badhe ngèstokakên dhawuh.

Sasampunipun mêling kathah-kathah Kangjêng Sunan Ngampèldênta lajêng seda, layon sinarèkakên sakilèning Masjid Ngampèldênta, sadaya wêlinganipun sami kaèstokakên.

Dene pasarean ing Bataputih prênahipun cêlak saking Ngampèl wau, namung kalêt-lêtan lèpèn, ingkang sumare pratelanipun juru kunci ingkang sêkaran sela pêthak pinancaksuji, punika nama Kyai Brondong, pêpundhènipun tiyang sa-Surabaya sadaya, sawetanipun wontên gêdhong tanpa payon, ingkang sumare kêkalih nama Kyai Ônggajaya sarta Ônggawôngsa, kapratelakakên juru kunci kyai kêkalih punika ingkang nurunakên para bupati ing Surabaya sadaya.

Ing gapura kilèn, ingkang sumare pangagêngipun tiga, satunggal Adipati Jangrana, kalih Tumênggung Jangrana kaping kalih, tiga Tumênggung Jangrana kaping tiga, sami bupati ing Surabaya [Sura...]

--- [14] ---

[...baya] sadaya.

Ônggawôngsa, Ônggajaya.

Kasêbut ing Sêrat Babad Tanah Jawi, nalika Kangjêng Susuhunan Amangkurad badhe anglurugi Trunajaya, dipun suwitani tiyang Surabaya, pangagêngipun kêkalih, kakang adhi, ingkang sêpuh nama Ônggawôngsa, ingkang nèm Ônggajaya, têdhakipun sang prabu dumugi Japara kèndêl masanggrahan, wadya Kumpêni pangagêngipun Amral kadhawuhan rumiyin mêdal laut, anjog ing Grêsik, lajêng dhatêng pulo Mangare kadhawuhan anganglangi Madura, dipun kanthèni Ônggawôngsa Ônggajaya sarencangipun, dumugi pulo Mangare wadya Kumpêni uluk-uluk mariyêm, tiyang Madura gègèr abilulungan. Amral sakumpêninipun mêntas dhatêng Surabaya amasanggrahan. Santananipun Ki Ônggawôngsa kathah ingkang sami dhatêng sasêgah, Amral langkung suka, Ki Ônggawôngsa pamit badhe andhustha Nyai Satomi mariyêm pusaka ing Mataram ingkang kabandhang mêngsah Madura, linilan lajêng mangkat ing wanci dalu. Kalampahan Nyai [Nya...]

--- 15 ---

[...i] Satomi sampun pinanggih pinanggul ing pundhak, kaaturakên dhatêng Tuwan Amral sarta Radèn Anrangkusuma, sami sakalangkung eram ningali karosanipun Ki Ônggawôngsa. Sarêng wanci bêdhug tiga, Amral parentah nyumêt mariyêm kasipatakên pondhokaning mêngsah, dhawahing mimis adrês kados jawah, mêngsah kathah pêjah sasisaning pêjah dhadhal larut sadaya, Tuwan Amral sakancanipun lêrêm sawatawis, lajêng katimbalan ing sang prabu sampun rawuh ing Kadhiri masanggrahan ing dhusun Singkal, sadumugining ngarsa dalêm Amral ngaturakên pawartos salêlampahanipun miwiti mêkasi, sang prabu karênan ing panggalih, lajêng amisudha Radèn Anrangkusuma, kagêntosakên Adipati Mandraka, kapatêdhan nama Radèn Adipati Anrangkusuma, Ki Ônggawôngsa kakarsakakên dados Bupati Surabaya kapatêdhan nama Ki Tumênggung Jangrana.

Ing dintên Rêbo wanci jam 2 siyang, Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sakalihan pramèswari dalêm kondur nitih sêpur.

--- [16] ---

Sakondur dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya têdhak Madura, kula kadhawuhan dhèrèk, nitih baita latu ingkang mangkat jam 3 siyang, dumugi palabuhan Kamal wanci jam 1/2 4 sontên, sampun dipun pêthuk titihan motor, sadumugining Kabupatèn Bangkalan kapêthukakên ingkang Bupati Radèn Adipati Arya Cakraningrat, kaancaran lênggah ing paringgitan, sasampunipun bage-binage sarta ngandikan sawatawis, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, nêmbung mundhut pariksa pusaka Nanggala sarta Alugora, lajêng dipun aturi malêbêt ing dalêm, ugi lênggah ing kursi, sarêng sampun sawatawis, Radèn Adipati lajêng dhawuh ing abdi ingkang majibi supados ngêdalakên pusaka-pusaka wau, botên antawis dangu lajêng kaaturakên, katampèn Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kapriksa, kula kadhawuhan nyumêrêpi saha niti kawontênanipun, mênggah wujudipun:

I. Si Kyai,

--- 17 ---

waos luk tiga wêlas, ada-ada lis gusèn, sêkar lawe satukêl mubyar nyalaka, tosan alus madhêt, sawanganipun kêlang.

Panjang kalih kilan satêbah, sêmbada agêng sarta kandêlipun.

Tangguh sêpuh, dhapur dirada (atur pratelanipun Kangjêng Radèn Mas Arya Jayaningrat, abdi dalêm bupati kaparak kiwa, bêkêl lêbêt, waos agêng luk makatên punika nama Doramênggala).

Prabotipun, landheyan ukuran panurung kajêng timaha, godhi, sulam mas. Mêthuk lagri mas, sopal saka tanpa tunjung.

II. Awarni angkus nanging agêng gèpèng, dipun landhèhi, agêng sêmbada tosan alus madhêt, sawanganipun kêlang, sêkar wos wutah, mubyar nyalaka.

Tangguh sêpuh.

Prabotipun landheyan ukuran towok, kaêcèt cêmêng, ing nginggil sacêlaking lagri mawi dipun êmbani mas sungsun [sungsu...]

--- [18] ---

[...n] tiga kados waos ing Bali, mêthuk lagri mas, sopal salaka tanpa tunjung.

III. Waos kadadosan alu, alu dhuplak.

Lêrês ngadhal mêtêng bangkèk alit, tosan sêdhêng kirang alus, sêkar wos wutah blêbêg.

Prabot, landheyan kajêng timaha sêmbur, panjang ukuran talêmpak, godhi rambut, lagri mas ênom, sopal pêthakan tanpa tunjung.

IV. Waos, agêng alitipun sami kalihan ingkang kadadosan alu wau, sêkar wos wutah blêbêg, ing sisih pamor blêg dumugi têngah pêgat, lajêng wontên pamor malang wangun baligon, sambêtipun wos wutah, têrus dumugi pucuk.

Tangguh Pajajaran.

Dhapur kudhup.

Prabot sami kalihan nginggil, namung timaha pèlèt cêmêng mêlês.

Mênggah pusaka sakawan wau, atur pratelanipun Radèn Adipati Arya Cakraningrat, [Cakraningra...]

--- 19 ---

[...t,]

dados pusaka kabupatèn trah-tumêrah têdhak sultan Madura, dene ingkang kawajibakên rumêksa ugi trah-tumêrah mawi kaparingan pepancèn siti mardikan.

Sasampunipun rampung papriksanipun, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya andangu têrangipun waos ingkang kapratelakakên kadadosan alu dhuplak wau, aturipun radèn adipati wontên dhuplak agêming lêluhur alunipun tosan, nalika jaman pêrang lêluhur wau kapèpèd dèrèng nyêpêng dêdamêl, alu dhuplak dipun êlus dados waos lajêng kangge dêdamêl nanggulangi mêngsah.

Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya andangu, punapa botên wontên dhuwung, aturipun Radèn Adipati pusakanipun dhuwung nama Kyai Jaka Piturun sampun kapundhut dhatêng Batawi, kantun satunggal sanès pusaka kabupatèn, kagunganipun piyambak, kaaturakên lajêng kapriksa.

Dhuwung luk sawêlas, gandhik nagaraja, grènèng ri pandhan, pejetan sraweyan,

--- [20] ---

lis gusèn, gônja wilut, sinarasah ing mas, gônja pitu, sarasah ingkang dumunung sangandhaping gônja awangun latu murub, sisihipun gambar sangsam. Mênggah sarasahipun sampun wontên ingkang thèthèl sawatawis.

1. Tangguh Pajajaran.

2. Dhapur Nagasasra

Prabot, jêjêran gadhing wangun gana Maduran, sarungan ladrang capung kandêlan bunton mas, pungkasing kandêlan ing nginggil tinarètès intên parsèt.

Rampung pamriksanipun sadaya sampun wanci jam 6 sontên, lajêng kondur nitih motor wau, dumugi palabuhan Kamal kapapagakên mantri pulisi matur bilih kapatah ingkang bupati nyudhiyani baita layar sajurumudhinipun, sarta mantri pulisi kadhawuhan dhèrèkakên dumugi palabuhan Ujungperak, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya lajêng nitih, dumugi palabuhan Ujungperak ngajêngakên jam 7, tumêdhak saking baita paring dhawuh dhatêng mantri pulisi maringakên panarimahSeharusnya hlm. 21.

--- 20 ---

dhatêng Kangjêng Radèn Adipati Arya Cakraningrat sarta piyambakipun, lajêng nitih motor kondur dumugi pondhokan wanci jam 7.

Ing dintênipun Kêmis, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kondur ing Surakarta nitih motor, têdhak wanci jam 9 enjing, miyos ing Grêsik, Nglamongan, Bujanagara, Blora, Gundhi, Sumbêrlawang, rawuh ing dalêm wanci jam 1/2 6 wilujêng.

Prajakintaka.

--- [22] ---

I. 41 | II. 23 | III. 24 } katiga

IV. 25 | V. 26 | VI. 43 } labuh

VII. 43 | VIII. 26 | IX. 25 } rêndhêng

X. 24 | XI. 23 | XII. 41 } Marèng