Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Cariyos Purwalêlana, Côndranagara, 1877, #790 (Hlm. 140-259)

Katalog:Cariyos Purwalêlana, Côndranagara, 1877, #790
Sambung:
1.Cariyos Purwalêlana, Côndranagara, 1877, #790 (Hlm. 001-139). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #238.
2.Cariyos Purwalêlana, Côndranagara, 1877, #790 (Hlm. 140-259). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #812.

--- 140 ---

Udhun kula saking nginggilipun rêdi Brama sadhatêng kula ing ngandhap lajêng numpak kapal malih minggah rêdi pinggiring dhasar kang sisih wetan, lajêng dhatêng pasanggrahan kang samangke kacêpêng Walandi kados dening lusmen, anama Ngadisari bawah Karesidhenan Prabalingga.

IV. Lajênging Cariyosipun Rêdi Tênggêr sarta Karesidhenan Prabalingga

Dhatêng kula ing Ngadisari, kula lèrèh nyipêng ing ngriku, awit sampun wanci jam 6 sontên, ing ngriku anglangkungi asrêpipun, awit inggiling pasanggrahan wau 6700 kaki, saking asrêpipun, dados salêbêting griya kasukanan pawon tosan pagenan padhiyang utawi totor amrih sagêda amanasi sagriya wau, mila makatên, awit yèn tiyang dhatêng saking ngare ing ngriku, sayêktos botên kuwawi asrêpipun.

Enjingipun kula angajak Lurah dhusun Ngadisari ngriku anêningali [a...]

--- 141 ---

[...nêningali] ing dhusun sarta sarananing têtiyang ing ngriku, Lurah wau inggih anglêgani saking pikajêngan kula. Kula lajêng lumampah malêbêt ing dhusun punika, sarta malêbêt anêningali ing griyanipun têtiyang ing Tênggêr ngriku.

Agamenipun tiyang Tênggêr taksih Buda, dene panutanipun Bathara Brama, sataun sapisan kalaning dintên sae, têtiyang Tênggêr sadaya, jalêr èstri anèm sêpuh sami mêmule dhatêng kawahing rêdi Brama, sarana bêbêkta têtêdhan, pangangge kados ta: ikêt, rasukan, sinjang, sabuk sapanunggilanipun. Bêbêktan wau sadaya sami kalêbêtakên ing salêbêting kawah, katur ing Bathara Brama kang makuwon ing ngriku.

Lare jalêr tuwin èstri kang taksih sami jaka sarta prawan, bilih kesah nyambut damêl dhatêng ing têgil utawi ing patamananipun sami cundhuk jungkat. Manawi wontên lare jalêr jaka pikajêng angrabeni dhatêng satunggilipun prawan utawi mangsul, prawan pikajêng dipun rabeni dening jaka, ingkang pikajêng wau lajêng mêndhêt jungkatipun kang dipun pikajêngi, tumuntên dipun dêdahakên dhatêng tiyang sêpuhipun lare ingkang gadhah jungkat. Yèn tiyang

--- 142 ---

sêpuhipun lare wau sumêrêp jungkating anakipun kabêkta dening lare jaka utawi prawan, tiyang sêpuhipun lare kang gadhah jungkat sarta kang mêndhêt jungkat wau lajêng sami pirêmbagan sami sêpuh, bilih sampun gilig rêmbagipun, tumuntên lare kalih wau dipun rabekakên, wondening panggihipun pangantèn ing griyaning tiyang sêpuhipun pangantèn èstri, yèn pangantènipun kêkalih sampun kapanggih, kaumipun tiyang Tênggêr lajêng dhatêng ing pagenan punika bêkta cangkir têmbagi, wangunipun kados tong utawi kêndhang, inggiling tigang prapat kaki wiyaripun kang têngah satêngah kaki, ingkang jawi ukir-ukiran, gambaripun kewan awarni-warni, cangkir wau wontên isènipun toya, toya wau lajêng kacawuk dening kaum punika, dipun tetesakên ing sirahipun pangantèn jalêr tuwin èstri, sarta mawi kawaosakên puja dhatêng dewanipun, sarta nuwun pangèstu dhatêng Bathara Brama.

Ing Tênggêr botên wontên dhukun, bilih wontên tiyang sakit sangêt utawi gadhah lare, katêngganan dening kaum wau, amêmuja nuwun saras sarta wilujêngipun tiyang [ti...]

--- 143 ---

[...yang] kang sakit utawi gadhah anak, dene jampenipun namung kaombenan sarta kausapan toya ing cangkir têmbagi wau kemawon. Cangkir wangun tong wadhah toya wau tilaranipun cantrik utawi sabatipun Bathara Brama, satunggal-tunggalipun dhusun ing rêdi Tênggêr, wontên kaumipun Buda saha cangkir tong-tongan kados ingkang kapratelakakên ing ngajêng wau. Wondene mila rêdi kang jênggêlêg wontên ing satêngah-têngahipun sagantên pasir kawastanan rêdi Brama, awit kacriyos punika pakayanganipun Bathara Brama.

Ing kinanipun bilih wontên tiyang Tênggêr ingkang pêjah, môngka griyanipun cêlak kalihan rêdi Brama, kunarpanipun kalêbêtakên ing kawahipun rêdi wau, dene kang griyanipun têbih kunarpanipun kasetrakakên kemawon, ananging samangke sampun botên wontên lampahan makatên malih awit parentah botên amarêngi, mila bilih wontên tiyang pêjah sapunika inggih kapêndhêm, ujuring sirah dhatêng ing pancêripun rêdi Brama.

Griyanipun tiyang Tênggêr punika sadaya sami panjang-panjang, [panjang-pa...]

--- 144 ---

[...njang,] korinipun namung satunggil pagenanipun ing pojok, ing lêbêting griya saurutipun pagêr kiwa têngên kasukanan amben, pungkasaning amben wau kasukanan patilêman kêkalih sami ajêng-ajêngan, ing antawisipun patilêman punika kasukanan totor utawi padhiyang agêng ngiras pawon, bilih rintên latunipun kaalitakên, nanging yèn dalu dipun agêngakên, awit saking asrêpipun.

Caraning têtiyang Tênggêr bilih wontên tiyang dhatêng sanja utawi tiyang mônca dhatêng ing griyanipun tiyang ngriku, môngka botên lajêng malêbêt ing griya ngantosi dipun bagekakên utawi yèn ta ngantosana kantos kapurih malêbêt dening kang gadhah griya, sayêktos badhe kalajêng botên wontên têtiyang ingkang amraduli, awit katawis yèn botên angrakêtakên utawi botên sumanak. Sanadyan dèrènga nate têpang utawi sumêrêp, yèn wontên tiyang kang lajêng purun malêbêt ing griya sarta lajêng lênggah, punika kaakên sadhèrèk, awit botên angangge subasita kados dening tiyang sanès. Rintên dalu botên wontên tiyang

--- 145 ---

kang ngancing kori, malah griyanipun tiyang Tênggêr punika sadaya botên wontên sorogipun, awit ing ngriku botên wontên têtiyang nyênyolong, mila kapal tuwin rajakayanipun rintên dalu sami kaimbar kemawon.

Satunggil-tunggilipun tiyang sami gadhah tanêman sayur utawi jêjanganan Walandi awarni-warni sarta uwitipun wowohan Walandi, sadaya tiyang alit sami nanêm kênthang, sayur kênthang punika kajawenipun kang kasade ing ngare utawi ing ngandhap, pancèn sami katêdha piyambak. Têtiyang ing ngriku mèh botên wontên ingkang nêdha jêjanganan kawêdalaning rêdi, awit saking kathahing sayur Walandi, wondene têdhaning sadintên-dintênipun, namung sêkul jagung kemawon, dene panêdhaning sêkul pantun namung pêndhak pêkên sapisan, mila makatên pikantukipun uwos pantun numbas saking ngare, awit ing rêdi Tênggêr botên wontên tiyang nanêm pantun, tanêmanipun têdhan namung jagung kemawon. Têtiyang Tênggêr punika sami jêrih-jêrih,ajrih-ajrih. mila makatên saupami wontên tiyang 4 utawi langkung, môngka sami

--- 146 ---

kêkesahan dhatêng ing ngare bêkta sêsadeyanipun awarni sayur, ing margi kabegal dening tiyang Madura satunggil kemawon, têtiyang sakawan wau sayêktos kawon, bêbêktanipun lajêng sami kasukakakên dalasan kapalipun pisan kang kamomotan sayur.

Ing Tênggêr punika botên wontên tiyang mêskin, sadaya sami cêkap-cêkap sandhang têdhanipun, griya papan pemahanipun sami sae-sae. Saupami wontên para tuwan-tuwan Walandi têtuwi para priyantun jawi kang dhatêng ing ngriku, têtiyang alit kang gadhah kapal sami rêrêbatan anawekakên supados kapalipun kaanggeya, awit andadosakên bingahipun yèn kapalipun wau dipun angge.

Kapal wêdalan ing ngriku sami rosa-rosa, awit alit mila sampun ambah-ambahanipun minggah mêdhun ing rêdi, dene wulonipun sami panjang-panjang kados dening bêlo, kapal sabrang botên kuwawi yèn ta kaanggeya dhatêng ing rêdi Tênggêr, amargi saking inggiling sêsêngkan tuwin cêrunging jurangipun.

Sasampuning kula nêningali ing ngriku, kula lajêng mangkat [mangka...]

--- 147 ---

[...t] mêdhun, dhatêng kula ing Sukapura, kula aso ing griyanipun Lurah dhusun ing ngriku, sampuning kula kasêgahan nêdha, kula angajêngakên dumugekakên ing lampah kula, antawis kalih jam dangonipun lampah kula dumugi ing dhusun Patalan, ing ngriku wêlingan kula kreta sewan sampun cumawis, mila lajêng kula tumpaki dhatêng kitha Prabalingga, dene têbihipun saking Patalan wau namung sangang pal.

Kitha Prabalingga punika inggih sae, mèh nyarupeni ing kitha Pasuruan, griya Karesidhenanipun alit nanging sae, mila alit, awit ingkang wau griya Asistèn Residhèn, nalika ing ngriku taksih kabawah Karesidhenan ing BasukiBêsuki (dan di tempat lain). pagenanipun Kabupatèn ing salèripun kitha, têbihipun saking Karesidhenan watawis wontên sapal. Alun-alun Kabupatèn wau anglangkungi wiyaripun, ingkang sisih êlèr wontên bètèngipun alit, sarta kapanggenan soldhadhu sawatawis, ingkang dados pangagêngipun namung litnan kemawon, ing sawingkingipun bètèng lajêng laut.

--- 148 ---

Griya Kabupatèn wangun kina andhap sarta ing sawawratipun kirang prayogi, alun-alunipun sêpên, awit pagenanipun kacêlakên ing laut.

Griya kamar bolahipun kalêbêt priyogi, awit kathah para Walandi pabrikan utawi tuwan-tuwan Walandi sanèsipun ingkang sugih-sugih sami urunan yatra kangge amragadi ing pandamêlipun griya bolah wau, sarta ing ngriku wontên tokonipun Walandi, ing plabuhanipun asring kadhatêngan ing baita kapal. Para tuwan-tuwan Walandi wontên ugi ingkang sami gêgriya ing ngriku, ananging kathahipun botên nyameni kalihan ing Pasuruan, griya pabrikan gêndhis kaetang kathahipun nyameni kalihan ing Pasuruan, mila pêrsenipun Bupatos ing ngriku punika kathahipun sami kalihan ing Pasuruan. Yèn ing môngsa katiga anginipun kang saking wetan sangêt kêncêngipun. Mila yèn angin wau pinuju dhatêng, griya-griya sami katutup korenipun, mila makatên yèn kori wau taksih amênga badhe kalêbêtan pasir sadaya, awit siti ing Prabalingga punika kathah pasiripun, tiyang kang nêmbe sapisan dhatêng

--- 149 ---

ing ngriku kathah ingkang sakit mripat, awit kalêbêtan pasir kang katut ing angin, wondening margi pasiyaranipun botên kathah, nanging kalêbêt cêkap kemawon.

Siti bawah Kabupatèn ing Prabalingga punika kang sisih kidul dumugi ing pasisir laut kidul dhêstrik ing Lumajang, mila anglangkungi wiyaripun, inggih punika sababipun mila kantos kajênêngan dening Residhèn, sarta kadamêl ing Residhènsi piyambak.

Wontên ing ngriku watawis dintên, kula pirêng yèn ing Tênggêr bawah Prabalingga punika wontên pasanggrahanipun kang wontên ing dhusun Sumbêr, inggilipun saking laut 3000 kaki, mila kula lajêng amêrlokakên kesah ningali ing pasanggrahan wau, kula nyewa kreta kangge dumugi ing pasanggrahan dhusun Bantaran, kang kapêrnah wontên ing ereng-erengipun rêdi, saking ngriku kula lajêng numpak kapal, dumugi kula ing dhusun Sumbêr wanci jam 12 siyang, saking pitulunganipun priyantun ing dhêstrik Tênggêr kula kapondhokakên wontên ing pasanggrahan wau, sarta kasêgah ing sapantêsipun. Sayêktos yèn anyênêngakên ing manah sarêng

--- 150 ---

aningali mangandhap, kitha Prabalingga lan laut êlèr sami katingal, malah baita kang layaran sami katingal, pabrik-pabrik gêndhis ugi katingal cêtha, ing wanci sontên kula mlampah-mlampah ing salêbêting dhusun Sumbêr, raharjaning dhusun katawis saking saening papan pemahanipun tiyang alit, kathahing pemahan namung 150 sarèhning ing rêdi sarta sitènipun sae, mila tanêmaning kopi sae-sae, dhusun punika sabên taunipun anglêbêtakên kopi ing gudhang Gupêrmèn, kirang langkung 1200 dhacin, dene bayaranipun ingkang sarêmbat 13 rupiyah, dados têtiyang ing sadhusun Sumbêr wau tampi arta kang sataunipun kirang langkung 15600 dados racakipun ing dalêm sasemah kang sataun tampi arta kopi kemawon 140 rupiyah, sarêng kula sumêrêp makatên, sayêktos kula botên gumun ningali rêja tuwin kasugihanipun têtiyang dhusun ing ngriku. Sarehne ing ngriku awis-awis kadhatêngan para priyantun, mila pasanggrahanipun kirang saenipun. Awit pagêripun namung gêdhek kemawon, payonipun atêp.

--- 151 ---

Sasampuning kula sipêng sadalu wontên ing ngriku, enjingipun kula wangsul dhatêng ing Prabalingga malih, ananging mêdal ing pos Patalan, dumugining pos punika kula lajêng numpak kreta dumugènipun ing Prabalingga.

Enjingipun malih kula nyewa kapal rakitan, kula angge dhatêng pasanggrahan Klakah pagenanipun wontên ing sukuning ardi Lamongan, dene têbihipun saking kitha Prabalingga 21 pal, dhatêng kula ing ngriku saking pitulunganipun Wadana, kula kapondhokakên ing pasanggrahan wau, agèn kula wontên ing ngriku sangêt sênênging manah kula, awit aningali tlaga kang wontên sawingkingipun pasanggrahan, kang anglangkungi wiyar sarta lêbêtipun, pungkasaning tlaga wau ingkang sisih, dumugi ing sukuning rêdi kang lajêng dêdêr adêging rêdi wau kados dening kukusan, dene ingkang dadosakên saening wau, wayanganipun rêdi katingal ing salêbêting tlaga, kalêrês môngsa katiga, rêdi wau tansah anyêmburakên latu mêdal saking kawah kang wontên ing pucukipun. Ing wanci dalu kalêrês pêtêngan, samôngsa rêdi wau angêdalakên latu sumêmbur manginggil, [manginggi...]

--- 152 ---

[...l,] katingal kados dening sêkar latu ingkang anglangkungi agêngipun, prasasat jawah dahana, asrining ing paningal wau, botên ngamingakên katingaling kawujudan kemawon, ananging wayanganipun kang wontên ing salêbêting ranu, mila kados dening sêkar latu kang anyêmburtakên dahana saking ngandhap tuwin nginggil, sarèhning katêmbèn anggèn kula ningali têtingalan kang anglangkungi anèh tuwin sae, dados mèh sadalu agèn kula gumun-gumun aningali wêdalipun latu wau.

Enjingipun kula anglajêngakên lampah kula dhatêng Lumajang, têbihipun saking Klakah 12 pal. Ing Lumajang punika Kabupatèn kina, alun-alun sarta wringinipun kala jaman kina kantos sapunika taksih, pagenan punika taksih kabawah ing Kabupatèn Prabalingga, kang dados pangagêngipun ing ngriku Asistèn Residhèn, dene kang anampeni utawi anindakakên parentahipun Asistèn Residhèn wau lênggahipun patih, dados sêsulihipun Bupati Prabalingga ing bageyan Lumajang, patih punika sayêktos taksih kabawah dening Bupatenipun, mila sadayaning

--- 153 ---

paprentahan kang katindakakên, kiyambakipun anglaporakên dhatêng Bupatenipun.

Têbihipun Lumajang wau saking laut kidul, watawis wontên 11 pal, ananging kula botên amêrlokakên ningali ing sagantên, naming kula kesah tuwi santana kula Wadana ing dhêstrik Kandhangan kang wontên ing sukuning rêdi Sêmeru, ing wanci sontên kula wangsul dhatêng ing Lumajang malih. Rêdi Sêmeru punika pucakipun ugi wontên kawahipun sarta angêdalakên kukus rintên dalu, tarkadhang inggih mawi angêdalakên latu utawi balêdhos, ananging botên patosa sangêt balêdhosipun, mila botên nate andadosakên kasôngsaraning akathah.

Ing Lumajang punika wicantênaning tiyangipun inggih têmbung Jawi, naming samangke sawatawis kamoran têmbung Madura.

Ing Lumajang punika wontên pabrikipun gêndhis satunggal ingkang rosanipun katanêm dening parentah, kathahipun 250 bahu. Sasampuning kula anêningali kawontênan ing Lumajang sadaya mila kula ing wanci enjing wangsul dhatêng Prabalingga malih.

--- 154 ---

Ing wanci enjing kula nyewa kapal rakitan malih, kula angge kesah dhatêng bagiyan Asistèn Residhenan ing Karêksan, ugi taksih kabawah ing Kabupatèn Prabalingga, ing ngriku ugi wontên patihipun kang nyulihi Bupati ing Prabalingga, pranataning tumindakipun parentah sami ugi ing Lumajang kados kang kapratelakakên ing ngajêng wau. sarèhning ing ngriku kathah prakawis kadurjanan utawi sanèsipun, ingkang pancèn kalêbêt ing karampungan landrat, mila katanêman priyantun Walandi pangagêng utawi PResidhèn landrat piyambak, PResidhèn wau pancèn priyantun kang kajibah anyêpêng lêlêrêsan.

Sarèhning ing ngriku punika dhusun agêng sarta prayogi punapadene kathah para tuwan-tuwanipun Walandi, mila katingal kados kitha alit.

V. Cariyosing Karesidhenan Basuki

Sasampuning kula sipêng sadalu ing Karêksan, kula mangkat dhatêng Basuki, têbihipun saking Karêksan,

--- 155 ---

21 pal, margi agêng kang dhatêng ing Basuki punika mêdal ing sapinggiring pasisir, têrkadhang têbihipun toya sagantên saking margi agêng naming salandheyan, mila cêlakipun kantos samantên, awit sakiduling lurung ereng-ereng sukuning rêdi. Sarêng malêbêt ing kitha Basuki, watawis têbihipun saking kitha sapal, margènipun anglangkungi wiyar, kiwa têngên pinggiring radinan kêkajênganipun asêm sampun agêng-agêng angayomi ing margi, sakiduling lurung banjaraning uwit asêm rangkêp, antawisipun banjêngan kêkalih wau kangge margining grobag.

Dhatêng kula ing Basuki, kula botên lèrèh lami, awit kirang nyênêngakên ing manah, griya Kabupatèn sarta Karesidhenan jajar kemawon sami majêng mangalèr, nanging griya Karesidhenan radi kapering mangetan, mila botên ngajêngakên alun-alun. Wondening ing Basuki punika kang katingal sae sarta sawatawis rame naming alun-alun kemawon, sanèsing punika anglangkungi sêpênipun. Griya Kabupatèn botên pêrlu kula cariyosakên, awit limrah kemawon, [kemawo...]

--- 156 ---

[...n,] griya Karesidhenan punika kala jaman ing kina griyanipun Cina kang kagadhuhan siti Basuki sarta Prabalingga, griyanipun inggih agêng, ananging wangunipun payon taksih dèrèng ewah mila lajêng katawis kemawon yèn kang wau griya Cina, sawingkinging griya wontên uwiting waringin kina kang anglangkungi agêngipun, malah angayomi palataran sawingkinging griya sadaya, kantor Karesidhenan agêng sarta sae, nanging pagenanipun sawatawis têbih malah kalêtan lèpèn. Kala rumiyin kantor wau pagenanipun ajêng-ajêngan kalihan griya Karesidhenan, wontên ing griya Cina gêdhong tumut wêngkonipun griya agêng Karesidhenan wau.

Ing salèring alun-alun wontên bètèngipun alit kang kapagenan soldhadhu sawatawis, pangagêngipun litnan kemawon.

Kitha ing Basuki punika kajawining kirang saenipun sarta kirang anyênêngakên têtiyang mônca kang dhatêng ing ngriku, kathah sêsakit panas, ananging kang kenging sêsakit wau ingkang kathah têtiyang kang dhatêng saking sanèsing pagenan.

--- 157 ---

Ing satunggilipun môngsa, kula amêrlokakên sowan dhatêng ing Kangjêng Rahaden Adipati, sadhatêng kula ing regol kula lèrèh ing ngriku pinanggih dhatêng têtiyang ingkang jagi, tiyang wau kula purih matur, manawi dhangan kula badhe sowan, cariyos kula makatên wau inggih cara Jawi kemawon, ananging tiyang wau botên mangrêtos, nanging kula lajêng kawangsulan wicantên cara Madura, ugi kula botên sumêrêp têmbungipun, kula lajêng wicantên cara Mlajêng, nanging ugi tiyang wau taksih dèrèng ngrêtos, kantos têtiyang sakawan ingkang kula pratelani cara Jawi amrih anglantarakên badhe sowan kula, nanging sadaya sami botên wontên sumêrêp cariyos kula utawi ngrêtos têmbung Jawi, dados kula lajêng wangsul mêdal malih dhatêng alun-alun ngupados tiyang kang sagêd têmbung Jawi, dangu kula botên manggih tiyang kang sagêd cara Jawi, dangu-dangu kula kapêthuk upas Karesidhenan tiyang saking Sêmarang ingkang taksih sagêd têmbung Jawi, upas punika ingkang amitulungi dhatêng kula, awit piyambakipun sampun sagêd têmbung Madura, piyambakipun andhèrèkakên lampah kula malêbêt ing Kabupatèn, [Kabupa...]

--- 158 ---

[...tèn,] sadhatêngipun ing pandhapi piyambakipun anjurubasani wicantênan kula, amurih dhatêng tiyang kang jagi pandhapi supados matur ing Kangjêng Radèn Adipati yèn kula badhe sowan, botên antawis dangu kula lajêng kapanggiyan dening Kangjêng Radèn Adipati, dene wicantênanipun kalihan kula inggih têmbung Jawi, watawis wontên sajam dangonipun kula lajêng pamit wangsul ing pondhokan kula malih.

Wanci enjing kula nyewa kapal malih anglajêngakên lampah kula, wanci jam 8 kula mangkat saking Basuki, pukul 10 nunggil enjing punika kula dhatêng ing Panarukan, têbihipun saking Basuki 20 pal, ing Panarukan punika wontên gudhangipun kopi Gupêrmèn, sarta wontên palabuhanipun baita kapal, mila ing ngriku mawi kadamêlakên palabuhan, awit kangge awrat kopi wau dhatêng nagari ing Walandi, watawis pukul sawêlas kula lajêng mangkat dhatêng ing Kabupatèn Situbanda, dene kang nyêpêng pangawasa ing ngriku, kajawenipun Bupati, Asistèn Residhèn. Sanadyan pagenaning Kabupatèn wau ing Situbanda, taksih kawastanan Kabupatèn Panarukan. [Pa...]

--- 159 ---

[...narukan.] Ing ngriku kula namung lèrèh nêdha kemawon, awit botên wontên têtingalanipun, punapadene anglangkungi panasipun, amargi cêlak laut sarta kêdhiksakêdhik (dan di tempat lain). têtanêman kajêng kang agêng-agêng tuwin sitining pasir sadaya, tiyang numpak kreta mèh botên sagêd nêningali punapa-punapa, awit saking kathahing blêdugipun ing radinan, malah têtiyang kang katêmbèn lumampah ing ngriku kathah kang sami lajêng sakit mripatipun kenging awu blêdug wau, siyang punika ugi wanci pukul 2 kula mangkat dhatêng dhêstrik Prajêgan, ingkang wau nalika awit ing Bandawasa katanêman Bupati tuwin Asistèn Residhèn, kithanipun wontên ing ngriku, ananging sarêng ing Bandawasa sampun dipun adêgi griya Kabupatèn sarta Asistèn Residhenan, kithanipun lajêng kaêlih ing Bandawasa. Dhatêng kula ing ngriku kula botên lèrèh lami.

Saking ngriku kula kesah dhatêng pasanggrahan kopi ing Pakisan, sawingkingipun pasanggrahan wau wontên balumbang padusaning kang sae, toyanipun anglangkungi bêning, awit toyanipun mêdal saking umbul kang wontên salêbêting [sa...]

--- 160 ---

[...lêbêting] balumbang wau, dene lêbêtipun toya kantos gangsal kaki, pasanggrahan punika taksih kabawah ing dhêstrik Prajêgan.

Saking pasanggrahan punika kula lajêng dhatêng ing Bandawasa, pagenan punika pancèn Kabupatèn kina, ananging lajêng kaundur, ing salêbêtipun taun Walandi 1854 kadadosakên Kabupatèn malih, mila alun-alunipun kina taksih sarta aglangkungi wiyaripun. Ing ngriku punika hawanipun sakeca, awit inggiling saking laut watawis wontên 800 kaki, pagenan punika sayêktos anyênêngakên, awit sitènipun anglangkungi sae, karang kitri taun katingal sae-sae, tanêman pantun ugi sangêt saenipun, malah kang sabauning mêdal pantunipun kantos anyêlaki 90 dhacin. Tanêmanipun palawija ugi nglangkungi sae, mila ing Kabupatèn punika kathah para tuwan-tuwan Walandi kang sami nanêm sata partikêlir, wondening kawêdalanipun inggih anglangkungi sae, lajêng sami kakintunakên dhatêng nagari ing Walandi.

Kabupatèn ing Bandawasa punika pagenanipun [pagenanipu...]

--- 161 ---

[...n] ing antawising rêdi kêkalih, kang wetan rêdi Raun, kang kilèn rêdi Arak-arak, sanadyan siti ing Bandawasa punika inggil, kaetang lapang mèh botên katawis minggah mêdhunipun. Tanêman kopi Gupêrmèn ing ngriku anglangkungi kathahipun, kawêdalanipun ingkang sataun kantos 80.000 dhacin, saking saening siti mila tanêmanipun lêma.

Saking Bandawasa kula kesah dhatêng pasanggrahan ing Jêmbêr, ing ngriku wontên kontroliripun, saking ngriku kula lajêng dhatêng dhêstrik ing Pugêr pasisir sagantên kidul. Taksih bawah Kabupatèn Bandawasa ugi, têbihipun saking kitha 40 pal. Mêrgènipun dumugining Pugêr sae, mila lampahipun kreta sagêd rikat. Mila margi wau awet saenipun, awit saking mèh botên kaambah kreta, dene kang numpak kreta langkung ing ngriku namung para priyantun Walandi, Jawi sarta para tuwan-tuwan Walandi kang sami nanêm sata kemawon. Margi ingkang saking Jêmbêr dumugi ing Pugêr wau mêdal wana agêng, kalêrês nalika kula langkung ing ngriku wanci sontên, samargi-margi kula ningali pêksi mêrak sarta sawung wana,

--- 162 ---

botên ngamungakên punika kemawon, nanging kula ningali ugi mênjangan kang mêmôngsa ing cêlakipun radinan. Dene ningali lampahipun kreta punika botên wontên kang lumajêng malah sami ningali, dene cêlêngan tanpa etangan kathahipun. Yèn ningali buron wana kang makatên punika sadayaning tiyang lajêng sami angintên yèn ing margi punika awis-awis kalampahan tiyang utawi kreta. Dhatêng kula ing Pugêr kula kapondhokakên ing pasanggrahan, ing ngajêngipun pasanggrahan punika wontên alun-alunipun kina nalika ing ngriku wontên Kabupatenipun, ingkang lênggahipun Adipati, kasêbut nalika karaton Majapait Adipati Pugêr. Ing alun-alun ngriku wau taksih wontên wringining kina-kina.

Enjing kula amêrlokakên nêningali ing padhusunan kang cêlak-cêlak saking ngriku, sampuning punika kula lajêng nyambut baita kula tumpaki ing lèpèn sawetanipun pasanggrahan, dhatêng pinggir pasisir sagantên kidul, dhatêng kula ing kisikinggisiking (dan di tempat lain). laut, kula lajêng mêdhun amlampah-mlampah urut gisik wau, amargi sadaya pasir

--- 163 ---

mila gasek sarta inggil kados dening tanggulipun lèpèn, pasiripun sadaya pêthak. Agèning pasisir kidul wau mawi wontên tanggulipun, awit saking pambêktaning ombak, amargi ombaking nglangkungi agêngipun.

Mila aluning laut kidul punika agêng, awit sakidulipun tanah Jawi punika botên wontên puloning malih, dados ebahing toya awit saking cêlaking pulipun bumi kang sisih kidul dumugi ing pasisir punika botên wontên kang ngandhêg-andhêgi, kajawenipun punika pasisiripun lajêng julêg sangêt lêbêtipun, botên mayat kados dening pasisir êlèr, mila ing samôngsa-môngsa wontên ombak dhatêng anatab ing gisik, ungêlipun kados galudhug, malah kantos kapirêng 5 pal têbihipun, majêng munduripun ombak ingkang natab ing gisik wau watawis wontên 100 kaki, mila bilih tiyang ingkang nêmbe sumêrêp, môngka lumampah ing gisik, asring kasangsaran, kagêbyug ing ombak, nuntên katut unduripun toya manêngah, awit tiyang wau botên angintên yèn inggahing toya kantos samantên têbihipun, malah kantos dumugi sanginggiling tanggul [tang...]

--- 164 ---

[...gul] pasisir, saupami tiyang kabyugan ombak, sayêktos lajêng rêbah, awit pasir kang kaidêgan punika bilih kenging alun lajêng lolos, tiyangipun rêbah sarta katut lampahing ombak. Mila kula sagêd anyriyosakên makatên, awit kula piyambak mèh manggih kasangsaran, amargi sarêng kula lumampah botên dangu ombakipun dhatêng, agêbyug dhatêng kula, coba kula botên enggal katulungan tiyang ing ngriku kang dhèrèkakên ing lampah kula, sayêktos badhe anandhang sangsara katut unduripun ombak manêngah dhatêng ing sagantên.

Ing laut kapêrnah sisih wetan saking pasisir kang kula tingali punika, wontên pulonipun alit anama Nusabarong, ananging pulo wau suwêngsuwung. botên kapagenan tiyang, kacriyos tiyang kang sampun nate dhatêng ing pulo wau, ing ngriku kathah sangsamipun, sarta gampil bêbujênganing, awit awis-awis wuninga tiyang amargi awis tiyang kang ngambah ing pulo punika, botên antawis dangu kula wangsul dhatêng pasanggrahan malih.

Dhêstrik Pugêr punika agêng, ananging tiyangipun namung sakêdhik, [sa...]

--- 165 ---

[...kêdhik,] dene tiyangipun Jawi sadaya, wondening kang kaangge garap sabin maesa, botên wontên tiyang ngangge lêmbu, saking agênging dhêstrik kêdhikipun tiyang, mila dhusunipun alit-alit, wananipun agêng, bilih dalu botên wontên tiyang purun mêdal saking griyanipun, manawi rintên tiyang kêkesahan botên purun lumampah piyambak, nanging sami sêsarêngan tiyang kêkalih utawi langkung sarta bêkta dêdamêl waos utawi sanjata, mila makatên awit saking kathahing simanipun, malah bilih dalu asring-asring ing alun-alun ing ngajênging pasanggrahan tuwin kadhêstrikan kaambah dening sima.

Sitining pasisir laut kidul punika saurutipun dhêstrik Pugêr sadaya sami sae-sae, têtanêmanipun lêma-lêma, dene tanêmaning kopi anglangkungi saenipun, ananging sarèhning tiyang ing ngriku botên kathah, mila tanêmanipun kopi wau namung kidhik.

Saking Pugêr kula wangsul dhatêng ing Bandawasa malih, dhatêng kula ing Bandawasa, kalêrês ariyadi garêbêg siyam. Sontênipun wanci pukul 4 kula ningali kathah têtiyang kang lumampah sami bêkta lêmbu sae-sae, [sae-sa...]

--- 166 ---

[...e,] kula pitaken dhatêng têtiyang kathah wau, lêmbu kathah-kathah punika sami badhe kabêkta dhatêng pundi, angsulanipun badhe kabêkta ing alun-alun badhe dipun abên. Sarèhning kula dèrèng nate sumêrêp tiyang ngabên lêmbu mila kula amêrlokakên kesah ningali, sadhatêng kula ing alun-alun, kula ningali lêmbu kathah sarta têtiyang kang sami ningali anglangkungi kathahipun. Ing ngriku wontên kalanganipun agêng, ing salêbêting kalangan wau wontên lêmbuning jalêr kêkalih, sami agêng-agêng sami dipun kalungi sêkar, singating kaborehan, botên antawis dangu kalangan wau dipun lêbêti lêmbu èstri katuntun wontên ing sangajêngipun lêmbu jalêr, botên dangu lêmbu kêkalih punika sami murugi dhatêng lêmbu èstri, sarêng sampun cêlak, lêmbu èstri punika lajêng inggal dipun wêdalakên saking kalangan punika, sarêng sampun mêdal, lêmbu jalêr wau lajêng sami bêrik, sundhang-sinundhang, jorog jinorog, ukih ingukih, kajawining ramenipun lêmbu kang ingabên, swaraning surakipun têtiyang ewon kang ningali sarta kang ngêtohi gumêrah lir gurnita angorêgakên kang buntala,bantala. agèning bêbêrikan [bêbêrika...]

--- 167 ---

[...n] lêmbu kêkalih wau kantos langkung saprapat jam dangonipun, tumuntên salah satunggiling kang kawon lajêng lumajêng, punika langkung malih ramening jêriting têtiyang kang sami mênang lêmbonipun kang tinotohan. Tumuntên gêntosan lêmbu inggal malih kang kaabên kêkalih, ingkang makatên wau kantos rambah kaping sakawan. Sampuning punika, lajêng ngabên lêmbu plajêngan utawi balapan, tiyang ngriku mastani kêrap. Dene pratikêlipun, lêmbu kêkalih katrapan rakitan, kang wingking kasukanan kajêng malang kados dening garu nanging tanpa untu, ingkang têngah dipun sukani kajêng ngadêg mawi wontên cêpênganipun alit malang, kajêng kang malang wau dipun adêgi tiyang aliyangan kajêng kang ngadêg ing têngah astanipun kang satunggal nyêpêngi apusipun lêmbu kang karakitan, asta satunggiling nyêpêngi pêcut. Sampuning tiyang wau ngadêg ing ngriku, lajêng kasurakan dening akathah lêmbu kêkalih tumuntên lumajêng sarta dipun pêcuti mila anglangkungi sangêt plajêngipun, bilih salah satunggiling lêmbu plajêngipun kantun utawi plajêngipun menggak-menggok punika ingkang kawon, dene ramening surakipun têtiyang kang gadhah,

--- 168 ---

kang ngêtohi tuwin kang sami ningali, botên sanès kalihan nalika ngabên bêrikan lêmbu, pangabên makatên punika, inggih gêntos-gêntos kantos pukul 6 sontên taksih inggal lèrèh. Sarèhning katêmbèn agèn kula ningali abên-abênan makatên, mila sangêt rêmên kula, dene kang langkung anyênêngakên ing manah pangabên bêrik punika, amargi rame lan sae, awit aningali wêdaling dayaning lêmbu kêkalih, jorog-jinorog, sundhang-sinundhang kantos wontên kang rêbah.

Samôngsa-môngsa wontên abênan makatên, kajagi sangêt dening Polisi, awit manawi botên makatên, asring kathah rêrêsah, têtiyang pabên, têtukaran, tuwin asring mawi ngangge dêdamêl, ingkang kantos tiwasing salah satunggilipun. Ingkang kathah adamêl rêrêsah wau tiyang Madura kang sami gêgriya ing ngriku.

Lêmbu kang kaabên sarta dipun damêl kêrap punika lêmbu pilihan, lan pangrimating anglangkungi sae, botên nate kaangge garap sabin, mila rupenipun sayêktos anglangkungi sae-sae, andadosakên [andadosakê...]

--- 169 ---

[...n] kapengenipun kang sami aningali.

Tiyang alit ing ngriku botên wontên kang garap sabin tuwin têgilipun ngangge maesa, sadaya sami ngangge lêmbu, ingkang makatên punika botên ngamungakên ing ngriku kemawon, nanging pasisir lèr tanah wetanan sadaya, awit saking Karesidhenan Surabaya, dados kaetang sadaya kang srawungan tuwin kêkêmpalan kalihan Madura, punapadene pancèn kathah tiyang Madura kang sami gêgriya ing pasisir lèr awit saking Surabaya sapangetan, makatên ugi têmbungipun Jawi tiyang ngriku saurutipun sampun awis kangge utawi sakêdhik kanggènipun, kang taksih sami sagêd têmbung Jawi punika namung para priyantun kemawon, sanèsipun punika wicantêning ngangge têmbung Madura sadaya, kados cariyos kula ing ngajêng nalika kula badhe sowan Radèn Adipati ing Basuki.

Tiyang alit ing Bandawasa sawawratipun, kathah kang cêkap-cêkap sarta kenging kawastanan sugih-sugih, kasugihaning wau botên awarni yatra tuwin griya ingkang sae, nanging warni rajakaya, malah griyaning tiyang

--- 170 ---

ngriku punika sangêt rêsahipun, amargi saking sangêt rêmêning dhatêng rajakayanipun, mila griyaning punika kairas dados kandhang lêmbu utawi rajakaya sanèsipun. Kapal wêdalan ing ngriku kathah kang sae-sae, tiyang dhusun kathah kang sami gadhah kapal, dene lampahipun kapal punika, ingkang limrah sami adheyan sangêt, tiyang ngrêrêmbat anglangkungi kidhikipun, dene bêbêktan kathah kang kawrat ing glindhing utawi dipun awrat ing kapal.

Kajawi saking punika, kula kacriyosan dening tiyang ngriku, pratelanipun kula kapurih ngatos-atos, yèn dalu sampun kantos kula kêkesahan lumampah piyambak, awit môngsa punika ngajêngakên riyadi, kula pitaken sababipun punapa mawidene. kula bilih dalu kapurih ngatos-atos. Angsulanipun, mila makatên amargi adatipun tiyang Madura punika bilih awit malêm 21dumugi malêm riyadi tiyang kang pikantuk dêdamêl enggal asring purun nyobakakên kaangge mêjahi tiyang, mila milih salêbêtipun 10 dintên punika, awit kacriyos yèn tiyang mêjahi [mêjah...]

--- 171 ---

[...i] tiyang ing dintên sadasa wau, benjing ing akheratipun botên wontên dosanipun, mila ingkang wau ing salêbêtipun 10 dintên punika kathah pêpêjah, ananging samangke sarèhning Pulisi sangêt kêncêngipun, mila sampun mèh botên wontên makatên malih, mila kantos samangke taksih sami angatos-atos bilih kêkesahan dalu ing wêktu punika, apêsipun tiyang botên kenging samantên, manawi taksih wontên ingkang gadhah kaèngêtan kados makatên, angangkah yèn pinuju panjagining Pulisi lena, mila kula kapurih ngatos-atosa. Sarèhning kula kaèngêtakên makatên, inggih kula gêga, awit kula tiyang amônca dèrèng sumêrêp cara tuwin kawontênaning ngriku, wondening lêrês utawi botêning cariyos punika, kula botên sumêrêp, awit kula namung anglantarakên cariyosing tiyang kemawon.

Wanci enjing kula mangkat saking Bandawasa numpak kapal, mêdal dhêstrik Wringin sarta rêdi Arak-arak lajêng dhatêng ing Basuki, têbihipun 20 pal, samargi-margi botên sanès ingkang kula sênêngi namung agèn [agè...]

--- 172 ---

[...n] kula nêningali saening dhusun-dhusun sarta tanêman kopi ingkang kamargèn, langkung malih sênêng kula anêningali ing udhun-udhuning rêdi Arak-arak, prasasat kados kami tênggêngên agèn kula ningali, awit lurungipun mêdal ing saeringing rêdi, kang sisih andêdêr adêgipun rêdi, sisihipun jurang lêbêt. Ing salêbêting jurang wau wontên lèpènipun kang sawatawis agêng, dene lampahipun toya lenggok-lenggok sarta muruh pêthak, awit katandhok dening sela-sela kang wontên ing salêbêtipun lèpèn wau, mila kasorotan dening surya katingal saking nginggil kados sawêr pêthak. Aliya saking punika sakabupatèn Basuki sadaya, kitha tuwin lautipun katingal saking margi punika wau, saking kasêngsêm kula anêningali têtingalan wau, mila kantos dangu agèn kula lèrèh ing ngriku, sasampuning punika kula anglajêngakên lampah kula, wanci pukul 12 siyang kula dhatêng ing Basuki.

Wontên ing Basuki kula lèrèh namung sadalu tumuntên kula anglajêngakên lampah kula dhatêng ing Banyuwangi.

--- 173 ---

VI. Cariyosipun Margi sarta Karesidhenan Banyuwangi

Wanci enjing kula mangkat saking Basuki dhatêng ing Panarukan sarta lajêng dhatêng ing Sumbêrwaru, dhatêng kula ing ngriku kula sipêng ing pasanggrahan sadalu, enjingipun kula pikantuk pitulungan kapal kang kula tumpaki piyambak lan kang katumpakan rencang kula tuwin tiyang kuli kang ngrêmbat barang kula, mila makatên awit margènipun botên kenging kalampahan dening kreta kang 15 pal têbihipun, dumugi ing Bajulmati bawah ing Banyuwangi, awit mêdal ing rêdi curenipun anglangkungi kathah lan agêng-agêng, lampah kula wau wanci pukul 11 dhatêng ing pasanggrahan Bajulmati, ing ngriku kula aso nêdha, sabakdanipun kula nêdha wanci pukul 3 siyang kula mangkat saking pasanggrahan punika numpak kretaning Bupati ing Banyuwangi kang pancèn kasadhiyakakên lampahing para priyantun Walandi, awit ing Banyuwangi botên wontên tiyang kang gadhah kreta, kajawenipun Bupati

--- 174 ---

tuwin Residhèn. Wanci pukul 2 siyang kula mangkat numpak kreta dhatêng ing Banyuwangi, dene têbihipun 25 pal, margi ingkang saking Bajulmati dumugi ing Banyuwangi punika botên wontên dhusunipun, namung ing pos-pos pagenan gêntos kapal kemawon kang wontên têtiyangipun ingkang jagi sarta sami gêgriya manggèn ing ngriku, aliya saking punika botên wontên sanèsipun namung wana kemawon, kang anglangkungi kêtêlipun. Botên antawis têbih saking Bajulmati, lampahing margènipun mêdal ing sapinggiring sagantên, sisihipun wana agêng, botên antawis dangu lampahing kreta dumugi ing pos, sadanguning kapal rakitan dipun gêntosi, kula mêdhun saking kreta aningali kisiking sagantên, ing ngriku kula dipun têdahakên dening kusir sela tumpukan agêng-agêng ingkang wontên sumbêripun toya tawi, dados toya wau mêdal saking antawising tumpukan sela wau, kacriyos pagenan punika kala kinanipun asring dados palerehaning bajag sami mêndhêt toya ngombe ing griku, sampuning kula ningali umbul toya wau, kula [ku...]

--- 175 ---

[...la] lajêng mlampah ing uruting pasisir, botên antawis têbih kula ningali lacaking sima ing pasir, dados antawisipun lampahing sima kalihan dhatêng kula punika taksih dèrèng dangu, coba sampuna dangu yêktosipun lacak wau sampun ical, awit pasiring kisik punika kainggahan toya ombaking sagantên, sarêng kula ningali makatên, inggal kula wangsul malih sarta lajêng numpak kreta anglajêngakên lampah kula, awit andadosakên kuwatosing manah kula, bilih simanipun taksih sêsingêdansêsingidan. ing cêlaking pagenan kula lumampah wau. Wanci jam satêngah gangsal kula dhatêng ing Banyuwangi, sarèhning sangêt sayah kula, mila kantos ginanjar sakit panas sawatawis dintên lamènipun. Sarêng sakit kula sampun saras, kula lajêng amêrlokakên ningali ing kitha Banyuwangi.

Andadosakên sarjuning manah kula ningali kitha wau, awit saking saening siti katandha suburing kêkayon kang sadaya sami angroyom. Lêmaning têtanêman wau botên ngamungakên saking saening siti kemawon, nanging saking kathahing sumbêr alit-alit kang kula botên sagêd angetang [a...]

--- 176 ---

[...ngetang] kathahipun, awit satunggil-tunggiling kampung wontên sumbêripun kalih dumugi gangsal. Ing salêbêting wêngkon Kabupatèn kemawon wontên umbulipun kalih.

Tiyang alit ing ngriku sami cêkap-cêkap sarta sae-sae, mila kaetang mèh botên wontên prakawis Polisi, wontênipun prakawis Polisi punika, awit karêsahan dening tiyang Madura utawi tiyang Bali, amargi tiyangipun ing ngriku sami botên wontên kang purun lampah awon nyênyolong utawi mêmêndhêt gadhahaning sanès, mila sangêt raharjanipun, caraning tiyang ing ngriku bilih kêkesahan jalêr èstri dhatêng pêkên utawi ing sanèsing pagenan, griyanipun botên mawi katêngganan tiyang sarta botên mawi dipun sorog, barang-barangipun inggih taksih sami gumêlar kemawon.

Alun-alunipun sae sarta anèh tinimbang kalihan ing sanèsing Kabupatèn, anèhing wau dene ing têngah lêrês wontên wringining sêngkêran sakawan, ing têngahing wringin paju sakawan punika, wontên bale mangunipun utawi griya pasowanan. Bilih kalêrês [kalê...]

--- 177 ---

[...rês] landrat utawi ngrampungi prakawis, inggih karampungan ing ngriku.

Griya Kabupatèn kalêbêt awon sarta alit, dene kantor Karesidhenan agêng tuwin sae pagenanipun botên têbih saking alun-alun. Griya Karesidhenan têbihipun saking kitha kalih pal, anama Sukarêja wontên ing sukuning rêdi Ijin, inggiling saking laut watawis wontên 250 kaki, ing griya Karesidhenan punika sangêt anyênêngakên ing manah, awit hawanipun sakeca sarta sagêd aningali kitha ing Banyuwangi lan sagantên punapadene pulo ing Bali, botên ngamingakên sagantên kemawon ingkang katingal, nanging baita agêng alit kang sami lêlayaran ing laut ngriku.

Ing satunggilipun dintên kula kesah numpak kapal kesah dhatêng pasanggrahan Nglicin, ing rêdi Ijin têbihipun saking Sukarêja pitung pal, dene inggilipun pasanggrahan wau saking laut watawis 1500 kaki, dhatêng kula ing ngriku sangêt sêngsêming manah kula, awit saking saening pasanggrahan amêrgi pagêripun banon.

--- 178 ---

Ananging sawatawis andadosakên gumun kula dene ing ngriku kaadêgan griya banon, mila makatên awit dhusun kang cêlak ing pasanggrahan wau, kaetang dhusun alit tiyangipun namung sakêdhik, dene kantos sagêd dêdamêlan ingkang makatên. Saking pasanggrahan punika, saha ningali kitha Banyuwangi lang griya-griya kang wontên ing kitha, sarta malih sagantên supitan antawisipun tanah Jawi tuwin pulo Bali, punapadene baita kang sami wontên ing ngriku agêng alit katingal sadaya, pulo ing Bali dalah rêdi-rêdining sarta rêdi-rêdi ing Banyuwangi sadaya sami katingal, malah sagantênipun ugi katingal saking ngriku. Sanadyan kathah pagenan kang sae-sae ing tanah Jawi kang sampun kula tingali, botên kados punika prayogènipun sarta anyênêngakên dhatêng tiyang mônca kang nêningali, awit jêmbar ing paningal lan warni-warni kang katingal cêtha saking ngriku, kados ta: wana, kitha, rêdi-rêdi, ing bawah Banyuwangi sagantên sabaitaning lan pulo Bali sarêdi-rêdenipun, kalih dintên kula wontên ing ngriku, sampuning punika kula kesah dhatêng dhêstrik Ragajampi,

--- 179 ---

ing satêngahipun margi kula ningali candhi sela cêndhani pêthak, namanipun candhi Macanputih, ingkang wau panêpening ratu ing Blambangan Prabu Menakjingga, pagenaning candhi punika ingkang wau wontên ing salêbêting capuri kadhaton Blambangan, mila dados pagenanipun wontên ing satêngahing kitha. Kacriyos ing ngriku punika kala rumiyin kitha agêng, cariyosing tiyang-tiyang kang makatên wau sayêktos kula botên maibên, awit saking kula ningali jêmbaring papan, lohipun siti, inggih punika nagari kang kenging kawastanan loh jinawe,jinawi. pasir wukir, panjang ing apunjung, angajêngakên laut, amêngkêrakên parêden, kathah toya sumbêr kang awêning tanpa cacah.

Tanah ing Banyuwangi punika kajênêngan dening Residhèn pangkat kaping tiga, blanjanipun namung sewu rupiyah ingkang sawulan, mila tanah ing Banyuwangi katanêman Residhèn, botên awit saking kathahing tiyang kang manggèn ing ngriku, ananging awit Residhèn punika angiras dados utusan sarta sêsulihipun Gupêrmèn apêpanggihan sarta rêrêmbagan kalihan para raja sarta para agêng

--- 180 ---

ing Bali sarta ing Lombok, dene ing Bali Bulèlèng sarta Jêmbrana sampun katanêman Asistèn Residhèn sarta Bupati tuwin kontralir kados ing tanah Jawi.

Karesidhenan Banyuwangi punika kalêbêt agêng ingkang sisih kidul dumugi laut kidul, êlèr dumugi sagantên êlèr, sitènipun anglangkungi êloh sarta toyanipun kathah, nanging tiyangipun namung sakêdhik, awit cacahipun jiwa sadaya watawis namung wontên 57.000, ingkang kagriyanan dening tiyang wau kaetang namung ingkang cêlak kitha kemawon. Sanèsing punika sadaya wana agêng. Kang andadosakên darunaning kêdhikipun têtiyang kang manggèn ing ngriku punika, awit sakêdhik têtiyang mônca kang dhatêng manggèn ing ngriku, amargi saking pakewêding margènipun. Ing antawising rêdi Tlaga wurung kalihan rêdi Ijin, inggih punika margi kang saking Bajulmati dumugi ing Sumbêrwaru, punapadene margi kang saking Bajulmati dumugi ing Banyuwangi kang mêdal ing têngah wana agêng, sanèsing lêlurung punika botên wontên margènipun malih, kajawining bilih numpak [numpa...]

--- 181 ---

[...k] baita mêdal ing laut, sanadyana makatên, botên patosa kathah baita kang dhatêng ing ngriku, inggih awit saking sakêdhiking têtiyang ing Karesidhenan Banyuwangi dados sakêdhik têtiyang kang sagêd dêdagangan, tuwin saking agênging ombaking laut ing antawisipun pulo Jawi lan ing Bali.

Tiyang alit ing Banyuwangi punika sami cêkap-cêkap, papan tuwin pagriyanipun sae-sae, mila kêdhik tiyang awon lan mèh botên wontên prakawis Pulisi. Têtiyang tani kang kaangge garap sabinipun lêmbu saking Bali, dene rupenipun lêmbu punika kados bantheng wulonipun dragêm, sukonipun pêthak sakawan pisan dumugi ing dhêngkul, dene têtiyang kang gadhah maesa ing ngriku namung kêdhik.

Wicantênaning tiyang ngriku sadaya ngangge têmbung Jawi nanging cara dhusun.

Saantuk kula saking dhusun Ragajampi, botên antawis dangu anggèn kula lèrèh ing Banyuwangi kula lajêng wangsul malih dhatêng ing Basuki, ananging awit saking Bajulmati dumugining Sumbêrwaru lampah kula mêdal ing margi

--- 182 ---

inggal yasanipun nagari kang kagarap dening têtiyang kang kaukum nyambut damêl pêksan. Ananging pagarapipunpanggarapipun (dan di tempat lain). wau taksih dèrèng rampung, saking karsanipun parentah badhe kadamêl margi kang kenging kalampahan kareta.

VII. Saking Sumbêrwaru Wangsul dhatêng ing Surabaya sarta Sawatawis Nyriyosakên Surabaya Malih tuwin Bawah Kabupatèn ing MajakartaMajakêrta (dan di tempat lain).

Saking Sumbêrwaru kula wangsul dhatêng ing Surabaya mêdal margi agêng langkung ing Basuki, Prabalingga, tuwin Pasuruan.

Sadanguning kula wontên ing Surabaya kula aningali ing masjid inggal kang wontên ing pasareanipun Kangjêng Susuhunan Ngampel, ingkang anêngkarakên agami Islam ing tanah Jawi, kacriyos Kangjêng Susuhunan wau Sayid, trah têdhakipun Kangjêng Nabi panutan saking nagari

--- 183 ---

Arab. Masjid wau anglangkungi bagusipun, angangge jobin marmêr, sarehne masjid punika prasasat pundhening têtiyang Islam ing tanah Jawi, mila wragading padamêlipunpandamêlipun. kaetang kasanggi dening têtiyang Jawi sadaya. Pasareaning Kangjêng Susuhunan punika, pagenanipun wontên ing salèring masjid, tanpa cungkub angêblak kemawon, namung kapagêran banon mubêng, dening warnining kijingipun pasarean, sayêktos botên anganèh-anèhi, namung limrah kemawon.

Sarêng kula wangsul mêdal saking masjid wau andadosakên girising manah kula, awit saking kathahing têtiyang ingkang ngêmis, têtiyang wau botên pancèning malarat utawi kêkirangan têdha, ananging têtiyang kampung ing ngriku sadaya agêng alit sami ngêmis, bilih wontên tiyang mônca jiyarah dhatêng ing pasarean wau, manawi pangêmising botên kasukanan, kaetang lajêng ngrêbat kemawon, kantos botên sagêd lumampah.

Saking ngriku kula jiyarah ing pasareaning lêluhur kula ing astana Batu Putih, botên têbih saking Ngampel [Ngampe...]

--- 184 ---

[...l] wau, sarehne astana namung limrah kemawon, mila botên kula cariyosakên kathah-kathah ing sêrat punika.

Botên antawis lami agèn kula wontên ing Surabaya, kula lajêng mangkat dhatêng ing Majakarta, ingkang wau anama Japan, bawah Karesidhenan Surabaya ingkang sisih kidul, têbihing saking Surabaya 36 pal, dhatêng kula ing pagenan punika, kula lèrèh tigang dintên ing ngriku. Kitha Majakarta punika cêlak saking lèpèn agêng utawi bênawi saking Kêdhiri, ingkang wiyaripun watawis wontên 400 kaki, lèpèn samantên wau mawi kakrêtêgan kajêng, pinggiripun kiwa têngên lèpèn dipun tanggul inggilipun watawis 15 kaki, dene wiyaring tanggul kang nginggil ugi 15 kaki, wiyaripun tanggul ingkang ngandhap watawis 30 kaki, mila katanggul makatên, awit dhasaring lèpèn mèh waradin kalihan siti dharatan, mila bilih lèpènipun banjir, môngka kantos ambêdhahakên ing tanggul wau, sayêktos badhe andadosakên sangsaraning kathah awit angrisak ing padhusunan lan pasabinan punapa [puna...]

--- 185 ---

[...pa] dene sadayaning tanêm tuwuh.

Alun-alunipun wiyar, Kabupatèn wontên ing sisih wetanipun majêng mangidul, dados anêngênakên alun-alun, Asistèn Residhenan wontên ing salèring alun-alun majêng mangidul, kontraliran wontên sakidulipun alun-alun majêng mangalèr, mila katingal prayogi, ananging kuciwaning sakêdhik, dene pinggiring alun-alun wau ingkang sisih kilèn sarta êlèr kang kapering kilèn, wontên tanggulipun lèpèn ingkang malêbêt ing pabrik gêndhis kang pagenaning cêlak saking ngriku.

Dene sitènipun sae, mila têtanêmaning kitri taun sarta tanêm tuwuhipun sadaya lêma-lêma, mila katingal raharja, lêlurung agêng alit kang wontên ing salêbêting kitha sami sae kajawining saking sae pangrimatipun, pancèn sitining prayogi awit kamomoran pasir.

Sarèhning Kabupatèn Majakarta punika sae tuwin kathah têtingalan bêndung-bêndungan toya, tanggul sarta lèpèn yasaning parentah kang kawragadan kantos ayutan, mila kula amêrlokakên nêningali.

--- 186 ---

Ing wanci enjing kula kesah dhatêng dhêstrik Majasari, dhatêng kula ing ngriku kula aningali pabrik gêndhis, anama wilêm kaping kalih utawi WILLEM II, sarehne pabrik wau kaetang pirantosipun limrah kemawon, mila kirang pêrlonipun yèn kula cariyosakên ing sêrat punika, sampuning kula ningali ing pabrik, kula lajêng minggah ing rêdi Arjuna kang sisih kilèn, dhatêng ing pasanggrahan dhusun Pacêt, inggilipun saking laut, watawis wontên 1500 kaki, mila sagêd cêtha aningali siti ing ngare sadaya, kacriyos kala rumiyin nalika Tuwan Jendral Ris dados Residhèn ing Surabaya, asring-asring rawuh ing pasanggrahan punika kantos sawulan lamèsipun, mila griya pasanggrahaning punika sae.

Sasampuning kula sipêng sadalu ing pasanggrahan wau, kula lajêng wangsul mêdhun malih sarta lajêng dhatêng bêndungan yasaning parentah kang anama Plasa Sumandhing, bêndung wau kang kadamêl banon lan kaplêster, mila anglangkungi sae tuwin sangêt kêkahipun. Botên ngamingakên bêndungipun kemawon kang sae, nanging sauruting lèpèn anyarupeni kalihan [kali...]

--- 187 ---

[...han] bêndung wau, kados ta: krêtêg sarta tangguling lèpèn, botên wontên kang kuciwa. Lèpèn wau sêmpalaning bênawi kang saking Kêdhiri kang langkung ing cêlakipun kitha Majakarta wau, lèpèn sêmpalan punika kang ngandhap tuwin salajênging dumugi ing sungabaning laut, dados watêsipun Karesidhenan Surabaya kalihan Pasuruan, sêmpalan punika ingkang ngandhap anama lèpèn Porong.

Saking Plasa Sumandhing kula ningali dhatêng bêndung ing Lengkong, toya kang kabêndung punika inggih ugi simpanganing bênawi wau, dene pêrluning bêndung punika kangge nginggahakên toya dhatêng sabin, sarta kangge angubêngakên jantra gilingan utawi pipit rosan ing pabrik-pabrik kang wontên ing sangandhaping bêndung wau. Saking ngriku kula kesah dhatêng krêtêg nama Mlirip. Krêtêg punika sayêktos anèh, awit sangandhaping krêtêg kang sisih nginggil, wontên bêndungipun, dene kang sisih ngandhap wontên korenipun, kori wau pirantos kangge lampahing baita, pratikêling bilih wontên baita saking nginggil lumampah ing ngriku, kori wau katangkêbakên, dados [dado...]

--- 188 ---

[...s] sautahing toya kang saking bêndung mandhêg ing sangajênging kori, bilih toyanipun sampun sami kalihan kang wontên ing sangajênging bêndung sarta kenging kalampahi baita, baitanipun lajêng kalampahakên, yèn sampun kalangkung ing bêndung utawi dumugi sangajênging kori, kori wau lajêng kabikak tamban-tamban, bilih sampun mênga baitanipun kaêdalakên mêdhun lajêng lumampah urut lèpèn malih, dene bilih wontên baita ingkang saking ngandhap mudhik, lampahipun kageret dumugi sangandhaping krêtêg utawi sangajênging kori, dumugining ngriku, korenipun lajêng katangkêbakên, bilih toyanipun sampun agung angungkuli ing bêndung baita wau lajêng ing lampahipun. Dene pambikak sarta panginêbing kori wau namung kaebahakên dening tiyang satunggil kemawon, mila makatên awit ngangge putêran, yèn ta botêna ngangge putêran tosan makatên, sayêktos botên kuwawi dipun ebahakên dening tiyang 50 awit saking agêngipun. Sampuning kula aningali ing ngriku, kula wangsul dhatêng pondhok kula ing Majakarta malih.

--- 189 ---

Ing wanci enjing kula kesah ningali patilasaning kitha Majapait, têbihipun saking kitha Majakarta 8 pal. Dhatêng kula ing ngriku, kula ningali gapuraning kadhaton kina wontên pinggir ing margi agêng kang dhatêng ing Kêdhiri, kang kadamêl gapura wau banon abrit, ananging nglangkungi saenipun, atosipun kados sela cêmêng, wondene inggiling gapura wau watawis wontên 20 kaki, agèning ngêtrapakên banon botên mawi ngangge gamping nanging rupenipun namung kakosokakên banon sami banon kemawon, mila makatên, awit saking rapêt mathising trapipun wau, mila lajêng kêkêt kaetang sagapura punika dados banon satunggil. Dene samangke gapura wau kanamakakên Wringin Lawang, awit sanginggilipun kathukulan wringin ingkang anglangkungi agêngipun, wanguning gapura sami ugi kalihan gapura kadhaton ing nagari Surakarta samangke tuwin gapuraning pasareanipun para wali, dene wangunipun sanginggiling kori mawi ngangge tumpang amancut, sarta sawatawis mawi kaukir sêsêkaran, kiwa têngêning gapura wau pagêr banon [bano...]

--- 190 ---

[...n] angubêngi kadhaton, ananging samangke sampun kathah kang rêbah. Sampuning kula ningali ing ngriku, kula lajêng malêbêt ing wêngkoning kadhaton, ing ngriku kula ningali balumbang kang sangêt wiyaripun. Kacariyos punika pagenaning lêlangên utawi amêng-amêng Prabu Brawijaya, ingkang wau têpining kabanon mubêng utawi binotrawi, ananging sapunika sampun sami jugrug sadaya, tilasing kang botrawi namung katingal kidhik-kidhiksakêdhik-sakêdhik. kemawon. Saking ngriku kula aningali astana kang botên têbih saking ngriku, kacariyos punika astananing putri Cêmpa, botên antawis têbih saking ngriku wontên rêcanipun lênggah satunggil angemba Prabu Menakjingga ratu ing Balambangan, astana wau kacungkup sarta taksih karimatan kantos sapriki, malah taksih dados panyadranan, kakutugan mênyan sarta kinintun sêkar dening têtiyang ing dhusun-dhusun kang cêlak saking ngriku.

Astana tuwin rêca kang angemba Menakjingga sarta balumbang wau, pagenaning wontên ing wêngkoning kadhaton, samangke kalêbêt sitènipun dhusun Trêwolu, [Trêwo...]

--- 191 ---

[...lu,] patilasaning kadhaton sampun botên wontên, katawising tilasipun kadhaton, awit saking têtumpukaning banon-banon kemawon.

Saking ningali tilas kadhaton wau kula lajêng kesah ningali ing candhi Brawu, pamujanipun Prabu Brawijaya, wanguning candhi kados masjid, wiyaripun kalêbêt watawis namung 10 kaki, inggiling candhi watawis wontên 30 kaki, payonipun inggih banon kang anglangkungi lincipipun, dene pangêtraping banon wau katumpa, candhi wau kantos sapunika taksih sae lan taksih wêtah sadaya, pamujan ing salêbêting candhi kantos sapunika taksih wontên awunipun.

Kajawining punika taksih wontên candhi malih anama Bajangratu, ananging kula botên aningali, awit kula kapênggak dening tiyang ing ngriku, amargi kalêbêt sirikan, yèn wontên priyayi ningalana, sayêktos badhe andadosakên apêsipun, utawi badhe botên kadugèn ing sêdyanipun. Sarèhning sangêt panyêgahing tiyang ngriku, dados kula andhèrèki saking palimirmaning têtiyang wau.

--- 192 ---

Kitha Majapait punika ingkang wau anglangkungi agêngipun, katandha saking tilasing pagêr banon kang ngubêngi kitha utawi baluwartinipun kang samangke sampun rêbah sadaya, tilasing ubêngipun pagêr baluwarti wau, kaukur wontên 21 pal, dados wiyaripun kitha wontên 7 pal, kitha kang samantên agêngipun wau, sayêktos anglangkungi agêngipun, yèn aningali kitha ingkang samantên agêngipun wau, botên sumêrêp yèn panjênênganing ratu ing Majapait punika namung têdhak kaping tiga kados kang kapratelakakên ing sêrat babat, ananging kakintên langkung saking tigang têdhakan.

Têtiyang kang sami aningali patilasan kitha ing Majapait wau, sayêktos agadhahianggadhahi (dan di tempat lain). pangraos eman sarta cuwa ing manahipun, dene samangke sampun dados wana agêng botên wontên dhusunipun, kajawining saking risakipun kitha, nanging sitènipun anglangkungi sae-sae sarta êloh, kêkayon sami lêma-lêma.

--- 193 ---

VIII. Cariyosipun ing Karesidhenan Kadhiri

Sasampuning kula ningali patilasaning kadhaton jaman Buda, kula lajêng dhatêng ing Kêdhiri, têbihipun saking Majapait 42 pal. Sarêng lampah kula dumugi cêlaking laladaning Karesidhenan Kêdhiri, sitènipun katingal kirang sae yèn tinimbang kalihan siti ing Majapait, kirang prayogining siti wau botên angamungakên ing ngriku kemawon, nanging salajêngipun kantos dumugi cêlaking kitha ing Kêdhiri pindhah.

Kêdhiri punika nagari kina, ananging kirang saenipun, awit saking kirang prayogining siti.

Sakilèning kitha wontên bênawenipunbênawinipun. ingkang lumampah dhatêng ing Majakarta salajêngipun, kados kang kapratelakakên ing ngajêng.

Awitaning kitha ing sawetaning bênawi, rinêngga dening griyanipun para tuwan-tuwan Walandi, botên antawis têbih wontên kêrtêgipun tosan kang anglangkungi saenipun, sakilèning kêrtêg kapering kidul, wontên bètèngipun [bè...]

--- 194 ---

[...tèngipun] alit, kala rumiyin bètèng punika pagenaning soldhadhu kumpêni, ananging samangke kaênggenan jayèng sêkar kang anjagi ing pagenan punika lan jagi ing loji Karesidhenan. Salèring kêrtêg margi kang dhatêng Kabupatèn ing Bêrbêg, sapinggiring margi wau botên antawis têbih saking kêrtêg punika griya Karesidhenan, salèripun wontên griya Walandi malih sawatawis. Dene sawetaning kêrtêg margi kang saking Majakarta wau yèn lajêng mangidul dumugi ing pacinan sarta lajêng dumugi ing Kabupatèn, saking Karesidhenan dumugi ing Kabupatèn, têbihipun kalih têngah pal, têtanêmaning kiwa têngênipun margi kajêng asêm agêng-agêng, mila yèn tiyang lumampah ing wêktu siyang botên kapanasên, awit kayoman dening kêkayon asêm wau. Alun-aluning kang sisih kilèn wontên griyanipun Cina sawatawis, lêlurung ing salêbêting kitha Kêdhiri wau botên kalêbêt kathah awit kithanipun botên patos agêng, mila kaetang kitha ing Kêdhiri punika sêdhêng utawi limrah kemawon.

Dene griya Kabupatèn taksih kina mila kirang prayogènipun. [pra...]

--- 195 ---

[...yogènipun.]

Ing sangajêngipun Karesidhenan watawis kalih pal têbihipun wontên rêdining alit sarta wontên guwanipun damêlaning tiyang kina, anama rêdi Selamanglèng, ing satunggal dintên kula amêrlokakên ningali ing ngriku, dhatêng kula ing guwa punika, andadosakên gumun kula dene sela cêmêng kang katatah kadamêl guwa, sarêng kula lumêbêt ningali wanguning kados dening kamar pêsagi, wangunipun kubuk, awit wiyar, panjang sarta inggilipun sami watawis molung kaki, wondene ing lêbêtipun wontên korenipun têtiga kang sisih kidul, kilèn, tuwin lèr, kula lajêng anglêbêti ing satunggil-tunggilipun kori wontên kamaripun malih sami pasagi sadaya, sarta ing satunggil-tunggilipun kamar alit wau selaning mawi kaukir gambaring dewa, ing sangajênging gambar wau wontên padupanipun. Kantos samangke taksih wontên têtiyang kang amêmule sarta ngobong dupa lan anyêkari ing ngriku. Kacariyos guwa punika patapaning putri Kêdhiri, mila pagenan punika kantos kanamakakên Kêdhiri.

--- 196 ---

Ing wanci enjing kula kesah dhatêng Bêrbêg, têbihipun saking Kêdhiri 15 pal, dene Kabupatèn Bêrbêg wau pagenanipun wontên ing margi kang saking Kêdhiri dhatêng Madiun, dhatêng kula ing Bêrbêg namung lèrèh kalih dintên, awit ing ngriku botên wontên têtingalan kang anèh. Kang kawastanan kitha ing Bêrbêg punika namung dhusun agêng kemawon, mawi Kabupatèn sarta Asistèn Residhenan, wondening pagenaning wontên ing sukunipun rêdi Liman kang anunggil sarêdi kalihan rêdi Wilis. Griya Kabupatèn wontên ing salèring alun-alun, Asistèn Residhenan ing sakidulipun alun-alun majêng mangalèr, dene papan pagriyanipun Kabupatèn wau andhap, kaungkulan dening alun-alun, Asistèn Residhenan papanipun inggil, mila patraping griya prayogi Asistèn Residhenan, tinimbang kalihan Kabupatèn.

Ing Kabupatèn punika anglangkungi kathah têtiyang kang sami nyêret, botên ngamingakên tiyang jalêr kemawon, nanging tiyang astri sarta lare neneman ugi sami dhèrèk nyêret.

--- 197 ---

Ing wanci enjing kula wangsul dhatêng ing Kêdhiri malih, sipêng sadalu ing ngriku, enjingipun malih kula kesah dhatêng Blitar, têbihipun saking Kêdhiri 40 pal, dhatêng kula ing Blitar kula rumaos eman sangêt dene Kabupatèn inggal sadaya taksih sami inggal kados ta: griya Asistèn Residhen, utawi pranatan sanèsipun kang andadosakên karaharjan sarta rêrêngganing pagenan, sami risak sadaya awit ing salêbêting taun 1875 punika kalêban banjir lahar saking kawahipun rêdi Kêlut, mila griya-griya sami larut, dados dhusun-dhusun kang katrajang lahar wau sami kasangsaran, awit botên ngamungakên barang raja darbekipun kemawon kang sirna, nanging rajakayanipun sami pêjah, dene wana kang katrajang lampahing lahar punika ugi sami risak awit kathah kêkayonipun kang rêbah.

Para tuwan-tuwan kang sami nanêm sata ing Kabupatèn Balitar ing waktuning banjir lahar wau ugi kathah rugènipun, amargi gudhang-gudhang sata kathah ugi kang rêbah.

Kitha ing Blitar punika namung dhusun kemawon, sami ugi [u...]

--- 198 ---

[...gi] kados dening ing Bêrbêg, kaênggenan dening Asistèn Residhen sarta Bupati tuwin sawatawis priyantun Jawi lan Walandi, dene kitha wau cêlak kalihan wana.

Ing satunggilipun dintên wanci enjing kula kesah ningali candhi ing Panataran, têbihipun saking Blitar watawis wontên 8 pal, pagenaning wontên ing sukonipun rêdi Kêlut, dhatêng kula ing ngriku kula ningali candhi Selacêmêng kêkalih, kang satunggal agêng satunggalipun alit, kalih pisan taksih sami sae-sae sarta wêtah, candhi kêkalih wau awit saking inggil dumugi ing ngandhap, ukir-ukiran sadaya gambaring ringgit, yèn ningali wanguning gambar kados lampahan Rama Tambak. Candhi ingkang agêng inggil utawi pucakipun kenging kainggahan dening tiyang kemawon, inggah-inggahanipun tundha pitu, dene candhi kang alit kados griya cungkup, rupenipun kados kang wau pagenaning amuja utawi tapa, sanginggilipun korining candhi alit wau wontên ukir-ukiraning ôngka kina utawi kawi, saking pamanggih kula ôngka punika

--- 199 ---

1291, ananging botên wontên tiyang kang sumêrêp ôngka punapa, saking pakintênpangintên. kula tuwin kintênipun tiyang ngriku, ôngka wau angkaning taun, nanging botên sumêrêp etangan taun punapa, sampuning kula ningali ing ngriku kula wangsul dhatêng ing Blitar malih.

Ing wanci enjing kula kesah dhatêng dhusun Gaprang, kapêrlon badhe ningali ing panyadrananing tiyang ngriku, dhatêng kula ing pagenan punika, kula ningali rêca sela cêmêng kêkalih, ingkang satunggil jalêr satunggil èstri, kang jalêr kasêbut nama Kyai kang èstri nama Nyai Gaprang, kalih pindhah sami lênggah pagenaning wontên ing sapinggiring margi kang dhatêng dhêstrik Ludhaya, ing ngajênging rêca wau kathah sêkar-sêkar tuwin wontên padupanipun, agèning nuntun têtiyang ing Kabupatèn utawi Karesidhenan punika, kaetang botên wontên lèrèhipun, sabên dintên tansah kakintun sêkar sarta kadupanan kemawon, punapadene dipun borèhi, mila rêca kêkalih wau kantos jêne rupenipun, inggih awit saking kathahing têtiyang kang nyadran lan mêmule ing ngriku.

Rêca kang jalêr wau botên gadhah wirang, awit anêdahakên [anê...]

--- 200 ---

[...dahakên] cihnaning jalêr, malah tandhaning wau watawis wontên kalih kaki inggiling pucakipun dumugi ing sipating irung, inggih punika kacriyos dados usadaning rabi kang tanpa turun, kang adrêng kumêcêr amrih adarbeya turun sami lênggah sapucaking cihna wau, kalaning lênggah ing ngriku tanpa warana, yèn sampun kalampahan makatên, kacriyos tumuntên badhe kadugèn ing sêdyanipun, awit pikantuk pangèstuning Kyai Gaprang.

Sasampuning kula ningali rêca wau, kula lajêng dhatêng dhêstrik Ludhaya, dhatêng kula ing kadhêstrikan, kula aso ing griyaning Wadana ngriku kula kadêdahan dening Wadana gôngsa satunggil anama Kyai Pradhah, pagenaning wontên ing sawingkinging griyaning Wadana, kadamêlakên pagenan griya piyambak, pagêripun gêdhe payonipun kambêngan, gôngsa wau kagandhulakên ing salêbêting griya alit punika, dene aslinipun botên wontên tiyang sumêrêp awit saking kinanipun, dene ungêlipun taksih sae, ing sabên-sabên wontên tiyang dhusun Ludhaya gadhah damêl mawi nabuh gamêlan, gôngsa wau kasambut dipun ungêlakên. Kacriyos yèn tiyang

--- 201 ---

dhusun Ludhaya nabuh gamêlan botên ngungêlakên Kiyai Pradhah, sayêktos badhe bilahi utawi kasusahan.

Gôngsa punika sabên dintên Jumungah dipun dupani lan kaborehan.

Saking ngriku kula lajêng dhatêng dhusun Pakel, taksih dhèrèk bawah dhêstrik Ludhaya, têbihing saking kadhêstrikan watawis sakawan pal, dhatêng kula ing ngriku ningali têngahing dhusun wontên griya payon kambêngan, pagêripun gêdhek, tiyang ing dhusun punika amastani sanggar, kacriyos kala jaman kina griya punika pagenaning tiyang amuja, ngajênging sanggar wau wontên uwitipun pakel kêkalih, kiwa têngêning sanggar wontên uwitipun duren agêng-agêng, kacriyos uwit sakawan wau tanêmanipun Kangjêng Panêmbahan Senapati. Duren sarta pakel punika uwohipun anglangkungi agêng-agêng tuwin sangêt ecanipun, dene kang angundhuhi, namung Lurah ing dhusun ngriku piyambak, sarta lajêng kaladosakên ing kadhêstrikan, yèn sampun katampen dening Wadana, tumuntên Wadana anyêndhêt sawatawis, dene sanèsipun, kaladosakên dhatêng Kabupatèn [Kabu...]

--- 202 ---

[...patèn] tuwin Asistèn Residhenan.

Dene kang wontên ing salêbêting sanggar wau kêpek agêng-agêng kêkalih, isining kêpek wau sinjang praosan sarta lurik warni-warni, ikêtipun kêkalih, kang satunggil praosan, satunggilipun têpen renda, aliya saking punika wontên kampuhipun satunggil awarni gadhung mlathi mawi kapraos. Kacriyos barang-barang punika gadhahaning Nyai Rara Kidul. Sanggar wau sabên dalu kajagenan dening sima, têrkadhang kantos wontên simaning têtiga kang sami wontên ing ngriku sami tilêm angêpang ing sanggar.

Sabên taun sapisan, barang-barang kang wontên ing kêpek wau sami kabêkta ing kadhêstrikan sakêpekipun, sadhatênging kadhêstrikan lajêng katingalan dening Wadana, yèn sampun jangkêp sadaya tumuntên kawangsulakên malih. Kacriyos lampahipun barang-barang wau dhatêng kadhêstrikan lan wangsulipun kairingakên sima kang jagi punika saking katêbihan.

Kêpek punika sabên malêm Jumuwah kadupanan ing salêbêting sanggar dening para sêpuh ing dhusun Pakel.

--- 203 ---

Sampuning kula ningali ing dhusun Pakel wau, kula lajêng wangsul dhatêng ing Blitar malih, sarehne ing Blitar punika cêlak wana agêng mila kathah simanipun, dene kang sangêt kathahing sima inggih ing dhêstrik Ludhaya punika, ananging sawawrating ing ngriku kêdhik tiyang kang katêdha dening sima.

Enjinging malih kula mangkat dhatêng ing Tulungagung, sarêng lampah kula dumugi ing cêlaking kitha, watawis kirang tigang pal, ing dhusun Mujang wontên lèpènipun agêng sarta dipun krêtêgi, watawis panjanging krêtêg wontên 150 kaki, lèpèn wau nama Brantas, inggih punika nginggilaning bênawi Kêdhiri sarta Majakarta tuwin salajêngipun. Saking krêtêg wau dumugining Tulungagung margènipun sae, kiwa têngêning margi saurutipun dumugi ing kitha kêkayonipun asêm sampun agêng-agêng angayomi ing lurung, mila anyarupeni margi kang saking Surabaya dumugi ing Pasuruan.

Kitha ing Tulungagung punika sae, rêsik sarta katingal raharja, tiyang alit sami sênêng têntrêm, prayogi ing ngriku tinimbang kalihan kitha ing Kêdhiri, griya Kabupatèn sarta Asistenan sami ngajêngakên alun-alun, [alun-a...]

--- 204 ---

[...lun,] alun-alunipun wiyar sarta sae, kêkayoning wringin agêng-agêng, sarèhning kathah toya mila bilih môngsa panas alun-alun wau asring dipun lêp toya.

Griya Kabupatèn agêng sarta prayogi, pandhapenipun dipun cèt tuwin praosan, anyarupeni griya Asistèn Residhenan kang sae wangunipun, agênging griya cêkapan kemawon nanging sadayanipun bagus botên wontên kuciwaning punapa-punapa, malah satanah Jawi saking sumêrêp kula botên wontên kang nyameni saenipun, margi kang wontên ing salêbêting kitha kathah sarta sami prayogènipun, punapadene kêkawisaning asêm ing têpining lurung wau sami racak agêngipun, angeyomi dhatêng têtiyang lêlampah.

Enjingipun kula kesah dhatêng dhusun Prigi pagenanipun ing pasisiring sagantên kidul, kalêrês kabawah Kabupatèn Trênggalek. Prigi wau wontên ing pigiring sunglo utawi legokaning laut kidul, saking sangêting legokan, dados sagantên wau wangunipun kados talaga, wêwah malih mawi kaubêngan ardi, ing

--- 205 ---

salêbêtipun sunglo kang amemba talaga wau wontên pulonipun rêdi kêkalih, mila yèn tiyang katêmbèn aningali ing ngriku, anyana yèn talaga wau wontên sanginggiling rêdi.

Dhatêng kula ing Prigi, kula kapondhokakên dening mantri gudhang kopi kang wontên ing ngriku ing pasanggrahan sadhiya pondhokaning para priyantun Walandi tuwin Jawi kang sami dhatêng papriksa ing ngriku, pagenaning pasanggrahan wau wontên ing kisiking sagantên, mila bilih ombaking laut agêng, asring kacipratan toya sagantên. Botên antawis têbih saking pasanggrahan punika, wontên gudhangipun kopi kagunganing parentah, kadamêl agudhangianggudhangi. kawêdalaning kopi saking Kabupatèn Tulungagung sarta Trênggalek, kang kakathahên waragad yèn ta kalampahna dhatêng Surabaya, mila sabên taun sapisan ing ngriku kadhatêngan baita kapal kang kawrat kopi wau kabêkta dhatêng nagari ing Walandi.

Sabên dintên botên wontên lèrèhipun tiyang mêndhêt ulam, ing ngriku ulamipun agêng-agêng, mila makatên awit saking sakêdhikipun tiyang ingkang mêndhêt [mêndhê...]

--- 206 ---

[...t] ulam ing laut kidul, inggih amargi saking agênging ombakipun. Mila ing sunglo wau sawatawis kathah têtiyang kang mêndhêt ulam, awit ing ngriku lautipun anglegok, mila dados botên patosa wontên ombakipun.

Enjingipun kula mangkat dhatêng kitha ing Trênggalek, kitha alit ing parêden, sanadyan alit kitha punika nyênêngakên ing manah awit saking saening pranatan sarta prayogining têtanêman sarta kitri taun, ing wanci sontên kula amêrlokakên sowan ing Kabupatèn, ing ngriku kula kapameran kalangênaning Rahaden Adipati Srimpi sarta bêksa Gambuh, samurwatipun inggih kalêbêt prayogi, yêktosipun yèn tinimbang kalihan Srimpi tuwin bêksa Wireng ing nagari Surakarta utawi ing Ngayogyakarta, inggih botên anyameni saenipun.

Griya Kabupatèn kalêbêt anèh tinimbang kalihan sanèsipun, anèhipun wau awit griyanipun majêng mangilèn anglambungakên alun-alun, dene alun-alunipun ing sisih kiwa utawi sisih kidul,

--- 207 ---

rupining griya limrah kemawon, nanging griya sampun lami sarta kirang pangrimatipun.

Enjingipun kula kesah dhatêng astana ing Bagong ningali ing astananing Menaksopal, inggih punika kang abêbakal utawi babat damêl kitha Trênggalek, wondening astana wau têbihipun namung satêngah pal saking kitha, dene rupenipun kubur limrah kemawon, ing astana punika kathah kêthekipun, dene kalèn kang cêlak ing pagenan punika anglangkungi kathah ulamipun tombra, kacriyos ulam sarta kêthek punika ingkang wau kalangênaning kang kakubur ing ngriku.

Kabupatèn sakawan ing Karesidhenan Kêdhiri kados ta: Kabupatèn ing Kêdhiri, Bêrbêg, Blitar, sarta ing Tulungagung, anglangkungi kathah tayangtiyang. nyêret, têtiyang èstri lan lare-lare jaka, sadaya sami nyêret. Mila ing dalêm sataun-taunipun pambayaring beya pahtêr candu dhatêng ing parentah, kirang langkung sayuta rupiyah, namung ing Kabupatèn Trênggalek piyambak kang botên wontên tiyang nyêret, mila awit nalika taun 1864 sadayaning patiken utawi pacandon [paca...]

--- 208 ---

[...ndon] ing ngriku sami kaunduran, mila botên wontên Cina sade candu ing ngriku, awit saking botên wontêning tiyang nyêret wau, andadosakên raharjaning Kabupatèn, sakêdhik têtiyang lampah awon utawi durjana, dados kasênênganing tiyang alit sami nênanêm tuwin angrêsiki papan pemahanipun. Mila wêngkoning pagriyan sami rêsik, anyênêngakên têtiyang amônca kang ningali ing ngriku.

Sarèhning botên wontên têtingalan malih kang anèh kenging kula criyosakên, mila enjingipun kula wangsul dhatêng Kêdhiri malih mêdal ing Tulungagung, dhatêng kula ing Kêdhiri lèrèh sipêng malih tumuntên kula kesah dhatêng Kartasana, pêrlonipun badhe sumêrêp kemawon awit kala kina ing ngriku wontên Bupatenipun, ananging dhatêng kula ing pagenan punika botên wontên patilasanipun punapa-punapa, namung dhusun agêng kemawon, mila kula lajêng wangsul dhatêng Surabaya mêdal ing Majakarta.

--- 209 ---

IX. Cariyosing Surabaya dumugi ing Sêdayu

Dhatêng kula ing Surabaya, kula lèrèh sawatawis dintên, pêpanggihan kalihan para mitra santana kula kang sami wontên ing ngriku, sasampuning kula lajêng mangkat dhatêng Grêsik. Sarêng lampah kula dumugi ing sajawining kitha sisih kilèning Surabaya, andadosakên gêtun kula dene anglangkungi sangêt bentêning siti ing ngriku kalihan ing sawetaning kitha, bentêning wau upami siyang tuwin dalu, kang sisih wetan anglangkungi sae, kang sisih kilèn langkung saking awon, kang sisih wetan karang kitri tuwin sadayaning têtanêman sami lêma-lêma, kang sisih kilèn siti lêmpung ngêmplak-êmplak kaetang botên wontên têtanêmanipun, ngamungakên kajêng cangkring kang sawatawis kathah, kiwa têngêning margi namung balumbang utawi tambak pagenaning ulam bandêng, mila kenging kawastanan sauruting margi wau saèstu bandêngan sadaya. Sarèhning Surabaya dumugi ing Grêsik punika namung sangang pal [pa...]

--- 210 ---

[...l] têbihipun, mila lampah kula inggal dumugi.

Kitha ing Grêsik punika alit, nanging katingal sae, awit kathah griya banon, griyaning para tuwan-tuwan Walandi sarta kathah griyaning têtiyang Arab kang sugih-sugih lan agadhahi baita kapal, mila kathah kang gadhah baita agêng sami gêgriya ing ngriku, awit palabuhanipun sae sarta toyanipun sagantên ing pasisir ngriku lêbêt, baita agêng sagêd nyêlak ing dharat. Sarehne palabuhaning sae, dados parentah ayasa krêtêg saking dharat dumugi ing laut, watawis wontên 500 kaki panjangipun, pamrihipun yèn tiyang mêdhun saking baita kapal lajêng sagêd minggah ing krêtêg lumampah dhatêng ing dharat. Mila baita kapal sami labuh ing cêlaking pungkasipun karêtêg wau.

Ing wanci sontên kula jiyarah utawi atur bêkti ing pasareanipun Kangjêng Susuhunan ing Giri, mila kawastanan makatên, awit ing kinanipun kadhaton tuwin salajêngipun astananing Kangjêng Susuhunan wau, pagenaning wontên ing rêdi kang wangunipun kados dening gumuk, pagenanipun wontên ing sajawining kitha, dhatêng

--- 211 ---

kula ing sanginggiling rêdi alit pagenaning astana, kula sagêd aningali kitha Grêsik sadaya, punapadene laut antawisipun pulo Jawi kalihan Madura, ugi katingal cêlak kemawon. Saking rêdi alit wau ningali mangandhap, sayêktos sangêt saenipun, awit kajawenipun sagêd ningali kitha sarta sagantên, nanging baita agêng alit kang sami lêlayaran ing sagantên supitan wau katingal sadaya, kalêrês nalikanipun kula wontên ing ngriku wontên lampahipun baita kapal layar kêkalih baita kapal latu satunggil, mila andadosakên sêngsêming manah kula agèn kula aningali, dene baita alit-alit kang sami lêlayaran ing sagantên punika sangêt kathahpun. Mila sadaya wau katingal cêtha, awit pagenaning astana wau dumugining têngahing laut supitan punika, watawis namung wontên kalih pal.

Pasareanipun Kangjêng Susuhunan ing Giri punika mawi kacungkup, ananging taksih cungkup kina, saking lamènipun, mila katingal awon, dene kijing utawi sêkaraning pasarean kaetang limrah kemawon.

--- 212 ---

Mudhun kula saking pasarean wau, lare-lare ingkang ngêmis anglangkungi kathahipun, malah angungkuli pasarean ing Ngampel Dênta, mila kula botên sagêd andugi dene kang nyêpêng parentah ing ngriku botên anyêgah ingkang makatên wau, awit ingkang makatên punika sayêktos angirangakên têtiyang amônca kang dhatêng jiyarah utawi atur bêkti dhatêng astananipun wali punika.

Tiyang Grêsik punika ingkang katêdha sabên dintênipun namung ulam bandêng kemawon, saking sami doyanipun nêdha ulam bandêng, kantos panêdhanipun ulam wau kasarêng kalihan agèning ngombe wedang ing wanci enjing utawi kangge sarapan kalihan kêtan. Mila ungêl-ungêlanipun ing mônca nagari, têtiyang ing Grêsik punika padharaning sami agêng-agêng awit saking agèning kêkathahên ulam bandêng.

Saking Grêsik kula mangkat dhatêng Sêdayu, ananging sarèhning ing Sêdayu punika kitha alit, prasasat dhusun kemaown kang wontên Bupati tuwin Asistèn Residhenipun, sarèhning kitha dhusun sitinipun lêmpung ing pasisir,

--- 213 ---

mila karang kitri tuwin kêkayoning kirang prayogi sarta botên angrêsêpakên ing manah, dene kang sawatawis anèh, namung alun-alunipun ingkang kalêbêt wiyar lan griya Kabupatènipun agêng sangêt.

Lampah kula saking Surabaya dumugi ing Sêdayu, ing margi botên ningali punapa-punapa kajawining tambak ulam bandêng kemawon, mila kula lajêng dhatêng Drajad, taksih bawah Sêdayu ugi, ing ngriku kula lèrèh ing griyaning Radèn Gondakusuma têdhakipun Kangjêng Susuhunan ingkang sumare ing Drajad, ing Drajad punika bumi pradikan, pawêdalaning bumi wau kangge angrimati astana, tuwin têdhaning kang anjagi astana Radèn Gondakusuma wau sasantananipun.

Ing ngriku kula pêlu jiyarah ing pasareaning Kangjêng Susuhunan, dene kawujudanipun pasarean wau dipun cungkup, wondening kijing sêkaraning botên anganèh-anèhi naming limrah kemawon.

Sasampuning kula sumêrêp ing pasarean, kula anglajêngakên ing lampah kula dhatêng Tuban, Karesidhenan Rêmbang.

--- 214 ---

Karesidhenan ing wetanan awit saking Basuki, Prabalingga, Pasuruan tuwin Surabaya, caraning têtiyang agêng sarta alit mèh ical jawenipun, ananging sadaya têteladan Madura, awit saking kathahipun têtiyang Madura kang sami angêjawi ing Karesidhenan sakawan wau, kang makatên wau kantos samangke sataun-taunipun botên pêgat têtiyang Madura kang angêjawi wau.

Ing Karesidhenan sakawan kang kapratelakakên ing nginggil, pagarapingpanggaraping. sabin utawi têgil tiyang alit kaetang lêmbu sadaya, awis kang angangge maesa, kang makatên wau awit saking kathahing lêmbu saking Madura sarta ing Bali, lan malih têtiyang Madura punika pancèn rêmên ngangge lêmbu tinimbang maesa, mila têtiyang Jawi ing Karesidhenan sakawan wau sami têteladan kados makatên.

X. Cariyosing Karesidhenan ing Rêmbang

Dhatêng kula ing Tuban, kula lèrèh ing ngriku sawatawis [sawa...]

--- 215 ---

[...tawis] dintên. Kitha Tuban punika alit nanging sae, alun-alunipun angrêsêpakên ing manah, awit saking rêsikipun lan kaubêngan wringin agêng-agêng sarta sae-sae, angroyom royom-royom angiyomi ing têtiyang kang kapanasan, asung sêngsêming têtiyang amônca kang dhatêng ing ngriku. Salèring alun-alun kalêtan margi agêng, kisiking sagantên sarta wontên griyaning pabeyan gêdhong angongkang ing laut. Griya Kabupatèn wontên ing sawetaning alun-alun, angajêngakên lurung agêng. Griya Asistèn Residhenan wontên ing sakidulipun sarta ngajêngakên alun-alun majêng mangalèr, ing sakilèning alun-alun griya kontraliran sarta masjid, sawingkinging masjid pasareanipun Kangjêng Susuhunan Bonang. Kula amêrlokakên ugi jiyarah ing pasarean wau, dene rupi tuwin wangunipun angèmpêri pasarean ing Giri sarta ing Drajad. Botên antawis têbih saking astana wau, wontên têtilasipun uwit kajêng randhu wana ingkang wau anglangkungi agêngipun, ananging wontên sawatawis taun punika rêbah, dene ubêngipun uwit wau ingkang ngandhap [ngandha...]

--- 216 ---

[...p] watawis wontên 35 kaki, saking agêngipun kajêng, mila para tuwan-tuwan agêng alit kang dhatêng ningali kajêng punika, sami nyêrat namanipun ing kajêng wau.

Kula aningali sumur sela, mila kawastanan makatên, awit kang kadhudhuk kadamêl sumur, saking nginggil dumugi ing ngandhap sela cêmêng agêng-agêng kemawon, ananging yèn katingalan, kang kadhudhukan kados dening sela cêmêng wêtah watawis lêbêtipun wontên 30 kaki, wêdalipun toya sumbêr punika katingalipun mêdal saking sela, dene toyanipun anglangkungi bêning.

Ing pasisiring sagantên, watawis wontên 100 kaki saking pabeyan, kathah selanipun agêng-agêng, ing pagenan sela wau wontên kalih utawi tigang pagenan kang selaning katata bundêr kados dening sumur, kula aningali ing ngriku, kawontênanipun ingkang kakrubêngan dening sela wau sumbêr toya tawi, ingkang toyanipun sae sarta kenging kaombe ing tiyang, anèhing sumbêr wau dene ing sagantên wontên sumbêripun ingkang makatên, bilih toya laut rob, sumuran sela wau sami kêlêm sadaya [sada...]

--- 217 ---

[...ya] kantos botên katingal, dene yèn sagantênipun surut, sumbêripun toya tawi wau toyanipun kenging kapêndhêt dening tiyang malih.

Watawis wontên tigang pal têbihipun saking kitha, kula ningali wontên sumbêr kadamêlakên balumbang katata pinggiripun prayogi, toyaning anglangkungi bêningipun, pagenan punika kanamakakên bêkti, kacriyos punika pasiramaning Kangjêng Radèn Adipati ing Tuban.

Ing Tuban punika anglangkungi kathahing kêkayon kênanga, gandaning sêkaripun anglangkungi arum, kacriyos yèn wontên baita ing laut, bilih lampahipun kasasar utawi botên sumêrêp pêrnahing dharat, mangka mambêt gandaning sêkar kênanga, sayêktos lajêng sumêrêp yèn dumugi sagantên ing Tuban, mila dados panêngêraning têtiyang kang saba ing laut.

Griya pamulangan Jawi ing ngriku sae sangêt wangun utawi rupenipun, sarta kathah lare siswa kang sami malêbêt ing pamulangan wau.

Kitha Tuban punika prayogi kados kang kapratelakakên ing ngajêng, ananging kuciwaning kidhik, dene [de...]

--- 218 ---

[...ne] pinggiring margi agêng kiwa têngên kapagêran banon buntu sadaya, dados tiyang lumampah botên sagêd aningali ing wêwêngkon pemahaning kampung, wondene sajawining kitha longkanganing dhusun têbih-têbih antawising dhusun-dhusun wau sarèhning têbih, mila kathah wananipun rancah utawi kathah grumbuling alit-alit. Salèring margi agêng saurutipun katingal laut.

Ing wanci enjing kula mangkat saking Tuban dhatêng ing Rêmbang, sauruting margi wau sadaya botên sanès kang katingal namung sami ugi kados kang kula criyosakên ing sajawining kitha Tuban ing nginggil wau, mila makatên sitènipun kirang prayogi, wontên ugi dhusun kang katingal sae, ananging namung kidhik. Sarèhning sauruting margi dhusun-dhusunipun wontên ing pinggir sagantên sadaya, mila pagêsanganing tiyang dhusun wau ingkang kathah sami mêndhêt uilam kemawon. Sarêng lampah kula watawis dumugi 9 pal têbihipun saking kitha Rêmbang, kula ningali pacinan agêng anama Lasêm. Ing ngriku kula lèrèh nêningali ing salêbêting pacinan utawi kitha Cina, mila kula wastani kitha Cina, awit pagenaning [page...]

--- 219 ---

[...naning] Cina nglêmpak sarta mèh sadaya griyanipun sami gêdhong lan kathah kang sugih, dene margi kang malêbêt dumugènipun ing pacinan mawi wontên korining, Cina-cina kathahipun samantên wau katingal sakêdhik kang gaota, dene pagêsanganing kang kathah kacriyos sami dêdagangan candu pêtêng, kasade dhatêng ing liya Kabupatèn sarta ing sanèsing Karesidhenan. Dene kang kathah sami kasade dhatêng nagari ing Surakarta, pambêktaning malêbêt ing Lasêm, kacriyos sangêt gampilipun, awit kitha Cina wau pagenaning wontên pinggiring laut, têbih saking Rêmbang, sangêt pakewêding yèn baita kapal malêbêta labuh palabuhan ing Lasêm, awit kathah selaning karang, pambêktaning apyun dhatêng ing Lasêm, kacriyos dipun awrat baita Cina wangkang, awrat gramen warni-warni sarta apyun, dene pambêktaning mêdhun dhatêng ing dharat, sadèrèngipun wangkang wau dhatêng ing palabuhan, kapêthukakên baita alit kang kangge mêndhêt ulam, tumuntên apyunipun kabêktakakên dening têtiyang kang mêndhêt ulam wau mêdhun dhatêng ing dharat, kaselehakên sawatawis têbih saking Lasêm, sarèhning [sa...]

--- 220 ---

[...rèhning] gisikipun sauruting sadaya pasir kemawon, dados ing saênggèn-ênggèn tiyang sagêd mêdhun saking baita minggah ing dharat, ananging kang bêkta apyun wau tiyang Jawi utawi Cina ingkang botên gadhah, mila saupami kawuningan dening Polisi, ingkang dipun cêpêng sarta anyanggi ukumaning tiyang kang bêkta wau kemawon, dene kang gadhah apyun botên nate kacêpêng, awit botên sagêd anêrangakên sintên kang gadhah salêrêsipun, dene tiyang kang kacêpêng wau botên nate wontên kang purun ngakên kang gadhahi apyun, amargi sadangonipun anyanggi ukuman, anak rayating tiyang wau karimatan dening kang gadhah apyun, dene yèn sampun pot ukumaning, lajêng pikantuk epahan. Bilih nglampahakên apyun wau dhatêng ing Surakarta, pundi dhusun kang kamargèn, Lurahing dhusun kasukanan yatra utawi apyun, agèning nyukani wau botên nêdha tulung anglampahakên, namung supados sampun kantos kacêpêng kemawon. Mila panjagining parentah bab lampahing apyun pêtêng wau pakewêd sangêt, awit tiyang kang gadhah apyun botên ajrih kecalan arta, [ar...]

--- 221 ---

[...ta,] mila makatên, amargi yèn lampahipun apyun wau wilujêng, untungipun anglangkungi kathah.

Kang dados wadananing Cina ing Lasêm inggih sami Cina, kaparingan pangkat kapitan, mawi dipun paringi kanthi sorsoraning alênggah litnan kêkalih.

Saking Lasêm kula kesah dhatêng ing pasisir nama dhusun Dasun, pagenaning tiyang damêl baita agêng sarta alit warni-warni, kang adamêl baita wau tuwan-tuwan Walandi partikêlir, dhatêng kula ing ngriku kalêrês adamêl baita sakonyar kathahipun sakawan sarta baita kapal latu agêng satunggil, nalika kula dhatêng ing ngriku baita wau sampun sami dados, kantun pamasanging tiyangipun baita, nglapis têmbagi tuwin ngêcèt kemawon.

Mila ing ngriku kapilih kadamêl pagenan damêl baita, awit gisiking sagantên cêrung sarta cêlak wana kajêng jatos ingkang agêng-agêng, dados gampil pikantukipun kajêng. Sintên tiyangipun ingkang badhe kengken damêl baita dhatêng Walandi wau ingkang limrah kêdah nyukani kajêngipun, dados Walandi kang damêl baita punika etangan namung bêrah damêl kemawon.

--- 222 ---

Saking ngriku kula lajêng dhatêng ing Rêmbang, kitha Karesidhenan Rêmbang kithanipun sae wangunipun panjang urut pasisir, kathah para tuwan-tuwan Walandi kang sami gêgriya ing ngriku mila kathah griya banon, makatên ugi pacinaning inggih sae sarta agêng, papan pagenaning tiyang Jawi ugi prayogi kathah têtiyang gêgramen. Griya Kabupatèn wontên ing sawetaning alun-alun, majêng mangalèr kados dene ing Tuban, griya Kabupatèn wau awon sarta sampun lami, pandhapenipun watawis susulan inggal, dhasaring siti inggil pandhapi tinimbang griyanipun, watawis kaot sakaki, mila dados mangsul, ingkang limrah inggil griyaning tinimbang pandhapenipun.

Griya loji Karesidhenan griya kina, wangun sarta pranataning salêbêting griya kirang prayogi, pagêripun karas jawi kados dening bètèng, mila makatên awit kala kinanipun ngiras kangge bètèng, sawingkinging griya antawis 100 kaki têbihipun, gisiking sagantên ing pinggiring sagantên kasukanan griya panggung alit palênggahanipun Kangjêng Tuwan Residhèn, sarta mawi kasukanan kêrtêg [kêrtê...]

--- 223 ---

[...g] awit saking griya panggung wau dumugining dharat, dados bilih tiyang badhe dhatêng ing griya lumampah ing krêtêg wau, awit ngandhaping panggung punika kêlêm toya sagantên. Sayêktos anyênêngakên ing manah, bilih wanci enjing utawi sontên lênggah ing ngriku anêningali sagantên sarta baita agêng alit kang sami lêlayaran. Sangajênging loji wontên patamananipun sawatawis, ananging kang kathah namung uwit asêm kang sampun agêng-agêng, mila sangêt ayomipun, sisih têngêning kantor Karesidhenan salajêngipun wontên patamanan malih, têngahing tamanan wau wontên grijanipun alit nanging prayogi, sisih kiwaning Karesidhenan ugi wontên patamananing malih, pinggiring taman kang sisih êlèr angongkang ing sagantên, griya bolah utawi kamar bolah, griyanipun kalêbêt sae sarta agêng, angajêngakên ing laut.

Sarèhning griyaning para tuwan-tuwan Walandi sami nglêmpak, sarta anglangkungi awising rêgènipun rumput, mila kajawining tuwan Residhèn, botên wontên para tuwan-tuwan kang gadhah kreta tuwin kapal, mila para tuwan-tuwan [tuwa...]

--- 224 ---

[...n-tuwan] ugi bilih badhe kêkesahan mêdal sajawining kitha, sami nyambut kreta sarakitanipun dhatêng Bupati ing Rêmbang, awit botên wontên purun nyambut kagunganipun Tuwan Residhèn, panyambuting tumpakan ing Kabupatèn punika bilih botên kasukanan asring dados manahipun, mila kula purun anyriyosakên makatên, awit kula mirêng piyambak pagrunêgipun tuwan-tuwan sawatawis kang nate nêdha nyambut kreta ing Kabupatèn botên pikantuk. Inggih punika untungipun Bupati ing Rêmbang yèn agêgadhah barang dipun sambut botên suka, dipun sakiti manahing tiyang.

Bilih môngsa katiga, anglangkungi panasipun. Mila kathah têtiyang amanca kang botên kraos gêgriya ing ngriku, panasipun wau awit saking cêlaking sagantên sarta saking kiranging têtanêman kajêng kang agêng-agêng.

XI. Cariyosing Karesidhenan ing Jêpara

Ing wanci enjing kula mangkat saking Rêmbang, antawis,

--- 225 ---

15 pal têbihing lampah kula saking Rêmbang dumugi ing Juwana Karesidhenan Jêpara, sarêng cêlak ing kitha, wontên sabrangan lèpèn agêng, dados kareta kula kaawrat ing baita sasak kasabrangakên, kula mawi bayar tambanganing sarupiyah, mila makatên, awit panyabrangan wau ing sabên taun-taunipun kaborongakên utawi dipun pahakên dening parentah, sintên tiyangipun kang purun borong, ambayar beyanipun sabên wulan dhatêng ing parentah, mila sadayaning tiyang kang nyabrang ing ngriku sami anambangi.

Kacriyos lèpèn wau botên kenging kakrêtêgan, amargi saupami dipun sukani krêtêg, bajulipun lajêng sami ngambang manggèn wontên ing sangandhaping krêtêg sarta purun môngsa ing tiyang, criyos kang makatên wau, yêktosipun kirang pitados kula, awit salamining dèrèng nate kakrêtêgan, yèn ta nateya kalampahan makatên, kula inggih pitados. Saking pamanggih kula, mila parentah botên karsa yasa krêtêg ing ngriku, awit kang sapisan, kathah wragadipun, kang kaping kalih yèn sampun wontên krêtêgipun, parentah badhe rugi, awit botên [botê...]

--- 226 ---

[...n] pikantuk beya malih, kang makatên wau sangêt kalintunipun. Sanadyan lèpèn wau kakrêtêgan, parentah taksih wênang amundhut beyaning têtiyang kang langkung ing ngriku kados dene beyaning panyabrangan, sanadyan tiyang kang langkung ing krêtêg wau kapurih bayar beya langkung saking samangke, yêktosipun inggih taksih purun, awit saking gampil lan inggalipun langkung ing krêtêg sarta botên anguwatosi.

Kitha Juwana punika alit sarta kirang prayogi, pacinanipun sawatawis agêng, griya Kabupatèn yasaning parentah sampun sirna awit rêbah, mila kang dipun ênggèni Bupatenipun griya sewan, Bupati wau sabên wulan tampi pasewan griya saking Gupêrmèn. Asistèn Residhènipun manggèn ing bètèng kina kang wontên ing ngriku, dene rupi tuwin wangunipun bètèng taksih botên ewah, mila anèh sangêt dene bètèng kaênggenan Asistèn Residhèn, kantoripun Asistèn Residhèn wau inggih nunggil wontên ing salêbêting bètèng punika. Aliya saking punika wontên ugi griya Walandi sawatawis, nanging

--- 227 ---

sami alit-alit sarta griya papan kajêng kemawon.

Dhatêng kula ing Juwana kula sipêng sadalu, ing ngriku kula amêrlokakên kesah numpak baita dhatêng ing panyadraning tiyang ing ngriku anama sêprapat, pagenaning botên têbih saking pasisir ing pinggir lèpèn agêng ing satêngahipun wana rancah Druju. Dhatêng kula ing pagenan punika, kula ningali wontên griya alit payon papan. Sadhatêng kula ing ngriku, botên dangu tumuntên wontên kêthek kathah sami dhatêng, kula pitaken dhatêng tiyang kang dhèrèkakên ing lampah kula, punika kêthek punapa, angsulanipun sampun adatipun, samôngsa-môngsa wontên tiyang dhatêng nyadran ing ngriku, kêthek kathah wau sami kasukanan nêdha awarni sêkul utawi sanèsipun, mila samôngsa wontên tiyang dhatêng kêthek punika sami murugi, mila kula lajêng amurih dhatêng ing têtiyang ngatêrakên ing lampah kula, supados kengkenan ngupados sêkul kadamêl têdhaning kêthek wau, angsulaning tiyang punika piyambake sampun sangu sêkul, awit sumêrêp adating kang sampun kalampahan, mila kêthek kathah lajêng katêdhanan, amawi rêrêbatan, [rê...]

--- 228 ---

[...rêbatan,] tiyang kang nêmbe sumêrêp sapisan, yêktosipun karêmênan ningali ramening agèning nêdha sarta rêrêbatan kêthek kathah wau, dene kang kasadranan ing kathah punika tumpukan sela, tumpukan wau kaborehan sarta kaobongan dupa. Sawêneh wontên tiyang kang mastani tumpukan sela wau têngêr kuburipun Kiyai Sêprapat, wontên malih kang nyriyosakên, yèn sela tumpukan punika pagenaning lêlêmbat kang asring nyukani kasugihan, kang kawastanan blorong, awit wontên tiyang sugih ing Juwana kacriyos pikantukipun yatra saking ing ngriku.

Saking Juwana kula lajêng dhatêng ing Pathi têbihipun namung 9 pal, dhatêng kula ing salêbêt kitha Pathi, kula ningali kiwa têngêning margi kapagêran banon kang ngangge complongan paju tiga, sauruting margi ngajênging pagêr banon punika katanêman asêm, samangke sampun agêng-agêng, sarehne radi kêkêrêpên agèning nanêm, sarta wontên pagêring banon wau, dados katingal supêk sarta sintru, saupami botên wontên tiyang kathah kang lumampah ing margi, sayêktos angajrihi,

--- 229 ---

coba pagêripun banon kabucal, kantun kajênging asêm kemawon kang kataksihakên, kados andadosakên ing kasaenan. Utawi yèn pagêripun banon kataksihakên inggih kêdah angicalakên kêkayon asêm wau sadaya, yèn kalampahan makatên, sayêktos kitha wau dados prayogi, yèn tinimbang kalihan ing Rêmbang kajawenipun pagenaning para Walandi, sayêktos sae ing Pathi. Alun-alunipun kalêbêt alit, sakilèning alun-alun sawatawis kathah griyanipun para tuwan-tuwan Walandi, sarta ing ngriku wontên lusmening kang prayogi, watawis satêngah pal saking alun-alun wontên griyaning kamar bolah inggal, agênging griya cêkapan kemawon, rupi sarta wangunipun kalêbêt sêdhêng, pungkasipun kitha kang kilèn kantor Karesidhenan, griyanipun agêng sarta sae amargi nalika damêl pancèn sumêdya kadamêl kantor mila anyêkapi sadayanipun. Antawis satêngah pal saking kantor wau, griya Karesidhenan kang nglangkungi agêngipun, dados pagenanipun wontên ing sajawining kitha, kiwa têngêning griya wontên griya

--- 230 ---

pamondhokaning tamu, dados griya agêng wau kaapit dening pamondhokan kang rupi sarta wangunipun sami prayogènipun, ngajêng griya dumugining margi wontên patamananipun wiyar kang wontên balumbanging ing têngah.

Bilih ningali saenipun griya Karesidhenan wau, sayêktos andadosakên cuwaning manah dene pagenaning têbih saking kitha, sarta têbih saking dhusun, kaetang wontên têngahing sabin.

Ing salêbêting kitha ing Pathi, kathah lêlurungipun bêsiyaran kareta ingkang sae-sae.

Sarèhning kula wontên ing Pathi lèrèh kantos sipêng, mila kula amêrlokakên sowan ing Kangjêng Radèn Adipati. Ing wêngkon Kabupatèn punika sangêt rupêkipun, pagêr banon mubêng margining malêbêt wau menggak-menggok, dene pandhapenipun inggih sae nanging alit, ngajênging pandhapi wontên tratagipun ingkang nglangkungi panjang nanging ciyut, punika kang dadosakên katingal awon, gêdhong-gêdhong pamondhokan tamu sarta pagenaning kreta sami cêlak sangêt saking pandhapi, kaetang mèh sabên tritis, inggih [ing...]

--- 231 ---

[...gih] saking ciyutipun wêngkon Kabupatèn, mila tiyang mônca kang dhatêng ing ngriku, pangraosipun anglangkungi supêk. Langkung malih ing kiwa têngêning tratag wau mawi kasukanan bangsal pagenaning gamêlan, dados langkung malih riyêling paningal saking kathahing griya. Dene griya agêng kalihan pandhapi bênggangipun têbih sangêt. Watawis têbihipun wontên satus kaki.

Alun-alunipun kang sisih kidul wontên pêkênipun agêng sarta pacinan, dados Kabupatèn majêng mangidul, kiwa têngên margi kang malêbêt ing Kabupatèn wontên bale mangunipun agêng-agêng kêkalih.

Sarèhning sampun salêsih agèn kula anyriyosakên kawontênaning ing Pathi, dados kula anglajêngakên ing lampah kula malih.

Ing wanci enjing kula mangkat saking Pathi dhatêng ing Kudus, têbihipun saking Pathi tigang pos, ing margi agêng wau anglangkungi kathah têtiyang lumampah, punapadene lampahing grobag utawi glindhing kang katarik dening kapal tuwin grobag agêng kang katarik dening maesa sarta lêmbu anglangkungi kathahipun, glindhing tuwin [tuwi...]

--- 232 ---

[...n] grobag wau sami awrat barang dagangan saking pêkên utawi saking sanèsing pagenan, punapadene awrat gêndhis saking pabrik-pabrik kabêkta dhatêng ing Sêmarang, saking kathahing glindhing sarta grobag, têrkadhang kantos anglèrèhakên lampahing kreta, sarêng lampah kula dumugi bawah Kabupatèn ing Kudus, kula ningali kiwa têngên pinggiring margi kêkayon kênari agêng-agêng, padhusunan ing sapinggiring margi katingal sae sarta papan pemahaning tiyang alit sami rêja, dhatêng ing salêbêting kitha Kudus botên wontên tanêmaning kênari nanging pinggiring margi sadaya kapagêran banon, wangun sisik bolong-bolong dados kang wontên ing sawingkinging pagêr wau katingal sadaya, dados pagêr wau botên kadamêl warana, nanging namung kangge rêrênggan kemawon.

Sarèhning kacriyos yèn Kabupatèn Kudus punika sami-sami kaetang prayogi piyambak, mila kula kantos sawatawis dangu ênggen kula lèrèh ing ngriku, sabên dintên tansah kêkesahan nêningali kawontênanipun ing Kudus sadaya.

Kacriyos agênging

--- 233 ---

kitha watawis wontên sakawan pal pêsagi, dene kathahing kampung Jawi kang dados pêperanganing kitha 65, satunggil-tunggilipun kampung wontên masjidipun piyambak, kang makatên punika kajawining masjid agêng kang wontên ing sakilèning alun-alun sarta kang wontên ing kitha Kudus lami nalika Panjênênganing Kangjêng Susuhunan Kudus.

Griya Kabupatèn majêng mangidul angajêngakên alun-alun, wêngkoning Kabupatèn kang têpang kalihan alun-alun, namung ngangge pagêr kiwa têngên sawatawis palangan kajêng utawi kang kawastanan hek, dados têngahipun ngêblak kemawon, mila pandhapenipun katingal saking alun-alun. Ing ngajêngipun pagêr hek kiwa têngên wau kasukanan bale mangu tiyang Kudus mastani pasowan kêkalih, pinggiring alun-alun mubêng katanêman waringin agêng-agêng, dene wringining sêngkêran kêkalih, sami agêngipun sarta sami saenipun. Alun-alun kang sisih kidul tuwin wetan griya Cina sadaya, dene kang kidul wau têngah lêrês margi agêng kang dhatêng ing Sêmarang ing ngriku wontên pêkênipun, kang enjing sontên atusan, [atusa...]

--- 234 ---

[...n,] têrkadhang ewon têtiyang kang sami wontên ing ngriku sêsadeyan sarta têtiyang kang têtumbas punapadene têtiyang kang sami anêningali, dene masjidipun agêng pagenaning wontên ing sakilènipun alun-alun, wanguning nelad masjid ing Dêmak.

Ing wanci enjing kula kesah dhatêng ing kitha Kudus lami, têbihipun saking alun-alun Kabupatèn samangke watawis langkung satêngah pal. Pagenaning kapêrnah kilèn, ing sakilènipun lèpèn anama Gêlis, margi kang dhatêng kitha Kudus lami wau pinggiripun griya banon pipit kemawon, prasasat kados ing Sêmarang utawi Surabaya, lampah kula wau langkung ing krêtêg banon lèpèn Gêlis kang sangêt agêngipun, ananging toyaning lèpèn punika sangêt alitipun, awit nalika kula langkung punika, kalêrês môngsa katiga, nanging kacriyos bilih rêndhêng lèpèn punika sangêt agêng sarta lampahing toya anglangkungi santêripun, mila kawastanan lèpèn Gêlis, sakilèning lèpèn wontên pacinanipun malih tumuntên wontên alun-alunipun kang ing têngahipun wontên wringining sêngkêran anglangkungi agêngipun, inggih

--- 235 ---

punika kacriyos alun-alunipun kadhatoning kala Panjênênganipun Kangjêng Susuhunan Kudus, samangke alun-alun kapêrnah ing ngandhapipun wringin wau dipun ênggèni pêkên agêng, sakilèning punika kalêtan griya sawatawis wontên masjidipun agêng kang sangajênging masjid wau wontên mênaranipun pêsagi, inggiling mênara wau watawis wontên 60 kaki, masjid sarta manara punika yasanipun Kangjêng Susuhunan. Pamasanging banon tanpa gamping, namung kakosokakên sami banon kemawon, pagêring masjid tuwin gapuranipun sadaya banon kang trapipun sami banon dening manaramênara. wau, pamasanging banon botên alus kemawon, nanging mawi rêrênggan sêsêkaran, dene banon kang kangge manara sarta pagêr wau anglangkungi saenipun, awit atosing banon sami ugi kalihan sela cêmêng.

Ing masjid punika ugi kaadêgan salat jumuwah, malah têtiyang kang salat kathah ing ngriku tinimbang kalihan ing masjid kang wontên ing sangajênging Kabupatèn, sawingkinging masjid pasareaning Kangjêng Susuhunan Kudus, mawi kacungkup sarta taksih karimatan sae.

--- 236 ---

Sampuning kula jiyarah dhatêng ing pasarean wau, kula lajêng aningali ing pagriyaning têtiyang ing kampung Damaran sarta langgar dalêm, sayêktos agumunakên, saking kathah sarta saening griya, mèh sadaya griya ngangge pagêr papan, salêbêting griya pagêripun ingkang ngajêng (anama jagasatru) sami kaukir sadaya, dene ukir-ukiraning anglangkungi lêmbat sarta alusipun, sawingkinging ukir-ukiran wau kasukanan grenjeng kang andadosakên sangêt dumêlinging ukir-ukiranipun, griya kang makatên punika anglangkungi kathahipun, banjaraning griya-griya ing kampung punika pipit kemawon kantos sami abên tritis. Satunggil-tunggiling griya gadhah sumur sarta kulah pagêr banon piyambak, pagenaning sami wontên sangajênging griya, ing salêbêting kulah kathah kang sami kaingonan ulam wadêr bang.

Têtiyang kang sami sugih ing ngriku kathah kang sami angingu sawung cina kang anglangkungi agêng-agêngipun.

Têtiyang Kudus kang sami gadhah griya sae-sae wau, kantos agadhahi yatra tuwin barang awarni jêne sarta intên, pangaos kirang langkung sakêthi. Dene têtiyang [têti...]

--- 237 ---

[...yang] kang agadhahi yatra tuwin barang kang rêgi salêksa punika kathah kemawon, kathahipun têtiyang sugih wau, awit saking agèning sami gêgrami, botên ngamingakên ing kampung punika kemawon kang wontên griyanipun sae-sae utawi wontên têtiyangipun kang sugih, nanging ing kampung-kampung sanèsipun ugi wontên têtiyang ingkang sugih, ananging botên anglêmpak kathah kados ing kampung kang kula tingali wau.

Cacahipun tiyang ing salêbêting kitha Kudus, wontên 28.000 kang 24.000 tiyang Jawi, ingkang 4000 tiyang Cina saha Koja sarta Arab sawatawis, wondening pagêsanganipun tiyang jalêr tuwin èstri sami gêgrami, kang èstri sêsadeyan ing pêkên ing salêbêting kitha sarta kang cêlak ing kitha, kang jalêr kesah ing sanèsing Kabupatèn utawi sanèsing Karesidhenan, mila ing sabên-sabên Kabupatèn ing tanah Jawi wontên têtiyang Kudus, kang sami gêgrami manggèn kantos sataun utawi kalih taun lamènipun, taksih inggal mantuk ing griyanipun, sadhatênging griya lèrèh watawis satêngah taun lajêng wangsul kesah malih, anggèning [ang...]

--- 238 ---

[...gèning] kêkesahan gêgrami wau botên lèrèh-lèrèh bilih dèrèng sugih, manawi sampun sugih lajêng damêl griya sae sarta awis kang kêkesahan malih, nanging lajêng anglampahakên artanipun kemawon.

Lêlurung ing salêbêting kitha Kudus kang kenging kalampahan kreta, anglangkungi kathah tuwin sae-sae, saupami tiyang numpak kreta ngangge kapal sakawan botên cêkap kaangge angubêngi ing margi-margi wau sadaya, lêlurung samantên wau kathah kang kapagêran banon pinggiripun mawi bêbolongan, trapipun kados dening sisik, kados kang sampun kula criyosakên ing ngajêng, kang botên kapagêran banon sami dipun pagêri têtanêman kang gêsang. Botên ngamungakên margi kang kenging kalampahan kreta kemawon ing salêbêting kitha ingkang kathah, nanging lêlurung alit-alit kang kenging dipun wêdali glindhing utawi grobag kang katarik dening kapal, ing salêbêting kampung langkung kathah malih sarta sami sae-sae.

Pacinanipun kêkalih, kang satunggil awit ing pinggiring [pinggir...]

--- 239 ---

[...ing] alun-alun Kabupatèn, kawastanan pacinan Kriyan, dene satunggilipun ing Kudus lami, nanging Cina samantên wau kaetang sakêdhik sangêt kang sugih, awit pagaotanipunpanggaotanipun. kaetang kawon kalihan tiyang Jawi kang sami dêdagang.

Sarèhning masjidipun kathah, mila kathah ugi kaum, khaji tuwin santrinipun, kang makatên punika inggih wontên têtimbanganipun, dene kang dados têtimbanganing tledhek tuwin têtiyang èstri kang sami mlampah awon kalêbêt kathah, watawis wontên 80 pagenanipun sami kêmpal ing sakampung, mila kantos kaparingan dening parentah griya sakit satunggil, lan kaparingan dhoktêr Jawi, ngamungakên dados pagenaning têtiyang èstri kang sakit, dene dhoktêr wau inggih namung ajampeni têtiyang èstri wau kemawon.

Ing wanci enjing kula kesah dhatêng astana Muryapada, ingkang sinare ing ngriku Kangjêng Susuhunan Murya, dene pagenaning wontên ing rêdi Murya, têbihipun saking Kudus 12 pal, inggiling rêdi kang wontên astananipun wau saking laut watawis wontên 2300

--- 240 ---

kaki, margènipun kang sapalih kenging kalampahan kreta katarik kapal, sapalihipun kenging ugi kawêdalan kreta, ananging kêdah dipun tarik tiyang utawi maesa, inggih awit saking inggiling inggah-inggahanipun, mila lampah kula awit saking margi kang pakewêd wau lajêng numpak kapal kemawon. Kiwa têngêning margi awit saking Kudus dumugining astana, dhusun-dhusunan katingal sami rêja sitènipun sae sarta êloh katawis saking sadayaning têtanêman ing salêbêting padhusunan sarta kang sami wontên ing têtêgilan.

Sangandhaping pasarean wau wontên gumukipun ingkang kaadêgan pasanggrahan agêng pagêr banon payon sirap, pasanggrahan wau palerehanipun para priyantun Walandi tuwin Jawi kang papriksa tanêman kopi kagunganing parentah, inggiling pagenan punika saking sagantên watawis wontên 2200 kaki, mila bilih tiyang wontên ing ngriku ningali mangandhap anglangkungi saenipun, awit sagêd nêningali pabrik-pabrik gêndhis, siti ing ngare sadaya tuwin laut ing Juwana dumugi ing Rêmbang, kang kilèn katingal laut pasisir bawah [ba...]

--- 241 ---

[...wah] ing Dêmak.

Bilih lampahipun tiyang numpak kapal sampun dumugi ing pasanggrahan wau kêdah mêdhun, awit salajêngipun dumugining pasarean, sêsêngkaning anglangkungi dêdêripun.

Pasareaning Kangjêng Susuhunan punika mawi kacungkup alit, botên cêkap kalêbêtan tiyang tiga, pagêripun cungkup sela cêmêng kaukir trancangan, sawetaning pasarean wau wontên masjidipun payon wêlit pagêripun gêdheg, saking criyosing juru kunci, kala rumiyin masjidipun sae payonipun sirap, ananging sampun kabêsmi, masjid wau kapagêran banon mubêng, ingkang sisih lèr wontên gapuranipun, kacriyos gapura wau margining malêbêt ing kadhaton nalika taksih sugêngipun Kangjêng Susuhunan Murya, dene traping pagêr banon, sami utawi kados ing pasarean Kudus tanpa luluh utawi gamping, sasampuning kula jiyarah ing pasarean wau, kula lajêng wangsul dhatêng ing Kudus malih.

Botên antawis lami agèn kula lèrèh ing Kudus, kula lajêng kesah dhatêng dhusun Pruwata karajaning dhêstrik [dhê...]

--- 242 ---

[...strik] Undhakan, têbihipun saking Kudus watawis 13 pal. Dhatêng kula ing ngriku, kula ningali patilasaning kadhatonipun Kangjêng Sultan Dêmak bilih rêndhêng, mila makatên, awit yèn môngsa jawohjawah. kitha ing Dêmak kêlêm, mila Kangjêng Sultan masanggrahan ing rêdi Pruwata, sampuning punika, kadhaton wau dados kadhatonipun Kangjêng Susuhunan Pruwata, patilasan ingkang taksih kenging katingalan namung gapura kemawon, kang kadamêl gapura wau sela gamping mila anglangkungi awetipun. Dene siti inggilipun ugi taksih wontên, ananging sampun risak, awit namung katingal kados tumpukan banon kemawon, wondening gapura wau pagenaning angongkang ing pinggir rêdi ingkang lajêng wontên dhundhunanipun undhag-undhag mangandhap, saking gapura wau sagêd aningali têbih rawi agêng kang wontên ing salèring rêdi katingal sadaya, wondening inggiling gapura wau saking pinggiring rawi watawis wontên 300 kaki, ing ngandhap pinggiring rawi kaprênah kilèning gapura, wontên sumbêripun kawastanan Grudha kang pinggiripun kaubêngan dening têtanêman kajêng

--- 243 ---

agêng-agêng, sumbêr wau kadamêlakên balumbang tilas pasiramanipun Kangjêng Sultan, ing salêbêting toya balumbang pasiraman wau, wontên selanipun gilang panjang pojok sakawan, panjangipun watawis 8 wiyar 4 kaki, kacriyos sela punika kala rumiyin botên kêlêm, inggih punika palênggahan utawi pasalatanipun Kangjêng Sultan.

Ing sumbêr wau kathah bulusipun kang agêng tuwin alit, sadaya sami bêlang. Sabên dintên Jumuwah taksih kathah tiyang alit kang sami nyadran ing sangandhapipun kêkayon agêng-agêng pinggiring balumbang wau.

Ing sakidul wetaning griya Kawadanan, wontên sumbêripun malih anama Jibing, botên antawis têbih saking sumbêr kabêndung banon, mila toyanipun ing sangandhaping sumbêr wau sawatawis lêbêt, ing ngriku dipun damêl padusaning kathah, dene kang cêlak ing sumbêr kapagêran sarta wontên griyaning alit, ing ngriku punika padusaning para priyantun tuwin para tuwan-tuwan kang sami dhatêng ing ngriku, padusan wau kayoman dening kêkayon kang agêng-agêng, mila bilih rintên ing pinggiring padusan punika [pu...]

--- 244 ---

[...nika] sakeca kadamêl lêlênggahan awit botên panas.

Saking ngriku kula wangsul dhatêng ing Kudus malih, sarehne kula sampun aningali sadaya, namung griya Kabupatèn kang kula dèrèng aningali, mila kula pêrlokakên malêbêt ing Kabupatèn, griya Kabupatèn ing Kudus punika sami-sami griya Bupati botên wontên kang nyameni agêng sarta asri prayogènipun, dene agêngipun prasasat botên kaot kathah kalihan dalêm Mangkunagaran ing nagari Surakarta, prabotipun griya inggih botên kuciwa saha anyarupeni kalihan bagusing griya, naming pandhapenipun kang kalêbêt anèh, dene botên mawi tumpang namung lotèng waradin kemawon, sadaya wau dipun cèt pêthak, mila bilih dalu kasukanan diyan anglangkungi padhangipun, wondening praboting pandhapi wau sadaya ngangge pulituran cêmêng mila dumêling trapipun dhatêng cèting pêthak pandhapi, salêbêting griya prabotipun ugi botên kuciwa, awit sadaya damêlan saking nagari ing Walandi, ing pêngkêran wontên tamanipun sari,

--- 245 ---

sawarnining sêkar-sêkar sami wontên ing ngriku, wontên kang katanêm dhatêng ing siti, wontên kang katanêm ing pot bêling damêlan saking nagari Cina, sanèsing punika sawarnining tanêman wowohan sami pêpak sadaya, pungkasing patamanan dipun sukani balumbang utawi sagaran kang kabanon pinggiripun, têngahing sagaran kasukanan bale kambang, payonipun sirap balêndhuk bundêr, margining dhatêng ing bale kambang wau krêtêg alit mawi pagêran ruji pinggiripun, sarta sadaya dipun cèt pêthak. Mila sayêktos botên wontên griya Kabupatèn sawêngkonipun kang nyameni ing Kudus. Kajawenipun punika, sami-sami kitha alit prayogi piyambak, kathah têtiyangipun, raharja tuwin rame toyanipun kathah sitining pasir, mila têtanêman sae-sae sadaya.

Mangkat kula saking Kudus lajêng dhatêng ing Jêpara, têbihipun saking Kudus 24 pal, ing margi kang dhatêng Jêpara wau wontên pabrikipun gêndhis kêkalih sami agêng-agêng, ananging kula botên aningali ing pabrik wau, awit kirang pêrlonipun amargi rupining ing lêbêt sami sadaya.

Dhatêng kula kirang sapos saking Jêpara, [Jêpa...]

--- 246 ---

[...ra,] margènipun minggah mêdhun angrêmbênakên ing lampah, dhatêng kula ing kitha Jêpara kula ningali pagêring kitha saèmpêr kados têteladan ing Kudus, ananging kirang prayogènipun, awit papan pagriyaning tiyang alit katingal botên karimatan kados ing Kudus, sarêng lampah kula mindhak cêlak saking Kabupatèn, katingal mindhak awonipun, awit pagêring banon botên racak sadaya, wontên kang kasêlanan pagêr gêsang, mila dados mindhak kirang prayogènipun. Griya Kabupatèn lami sampun risak, sarta sampun kabibrah, samangke taksih kayasakakên griya inggal, ananging taksih dèrèng dados, dene Bupatinipun sapunika manggèn ing griyaning piyambak sarta kaparingan sewan dening Gupêrmèn 150 rupiyah sawulan. Griya Kabupatèn inggal punika badhenipun alit, awit namung kaparingan wragad sakawan lêksa kalih ewu rupiyah, kajawenipun alit benjing dadosipun anèh, awit pagenaning wontên sawetanipun alun-alun, amrih sagêding ngajêngakên alun-alun, dados griya wau kaajêngakên mangilèn. [mangi...]

--- 247 ---

[...lèn.] Alun-aluning kirang saenipun, awit sitènipun lêdhok, dados bilih jawah dêrês, toyanipun nglêmpak ing alun-alun, mila lajêng kados rawi andamêl kêranipun wringin sêngkêran. Pinggiring lèr alun-alun punika sawatawis lami, awit wontên pêkênipun sarta wontên lèpènipun. Griya Asistèn Residhenan pagenaning wontên ing sakilènipun alun-alun, griya punika inggih kalêbêt anèh, awit botên wontên kang wingking, griya wau bilih tiyang lênggahan ing sanginggiling lotèng, angajêngakên alun-alun, yèn tiyang lênggahan ing ngandhap, angajêngakên margi kang wontên ing sakilèning griya, griya punika kala rumiyin pancèn majêng mangilèn, angajêngakên margi wau, sarêng watawis wontên kalih taun punika, lotèngipun ingkang wingking kasukanan emper sarta pagêr banoning karas wêngkon griya kang wontên ing sapinggiring alun-alun kabikak, dados katingal majêng mangetan angajêngakên alun-alun.

Sawawratipun kitha alit, pacinanipun inggih prayogi, [pra...]

--- 248 ---

[...yogi,] nanging griyaning para tuwan-tuwan Walandi kang sami awon-awon, awit sadaya griya kina-kina kathah sami risak, pagenaning griyanipun wontên ing pinggiring margi sawingkinging griya wêngkonipun panjang dene wiyaring wêngkon wau sami kalihan wiyaripun griya, tumuntên kapagêran banon mubêng, griyanipun para tuwan-tuwan wau pipit kemawon ananging kathah kang suwêng botên dipun agèni awit kirang Walandi.

Ing salèring lèpèn pinggir alun-alun, wontên rêdenipun, kados dening gumuk, watawis inggilipun wontên 150 kaki, sanginggiling gumuk wau wontên bètèngipun kala jaman kina ananging samangke sampun risak, namung kantun pagêripun banon kemawon, ing salêbêting bètèng wau wontên kuburipun Walandi, ing ngriku kula aningali kuburipun kapitan Tak, kang dados kengkenaning kumpêni anyêpêng Surapati ing Kartasura lajêng katêlasan dening Pangeran Pugêr.

Mila bètèng wau pagenaning wontên ing gumuk, awit gampil kadamêl nyênjata kang wontên ing laut, amargi sangandhaping gumuk punika gisiking

--- 249 ---

sagantên.

Kacriyos ing Jêpara punika kithaning Walandi kang awitan, dados griya-griya kang kapratelakakên ing ngajêng wau, damêlaning Walandi kang dhatêng ing tanah Jawi awitan pindhah, dados nalika Panjênênganipun Kangjêng Susuhunan Mangkurat sapindhah nalika saking Têgal lajêng rawuh ing Jêpara kalihan bêkta prajurit Walandi, dados watawis sampun wontên 200 taun punika lamènipun. Ananging bètèng wau botên têrang pandamêlipun, amargi botên kasêbut ing babad tanah Jawi damêlaning tiyang jawi, tuwin botên kapratelakakên ing sêrat-sêrat Walandi, mila saking kintên kula bilih damêlaning tiyang Portêgis sadèrènging wontên kumpêni dhatêng ing ngriku.

Tiyang alit ing kitha Jêpara punika kathah kang dados undhagi, malah kondhang ing amônca saking kasagêdanipun, dêdamêlaning prabotipun griya, kados ta kursi, meja, bangku, patilêman utawi sanèsipun sami sae-sae sarta kasade ing Sêmarang utawi sanèsing pagenan.

--- 250 ---

Griya-griya ukir-ukiran ing Kudus punika, kang damêl kathah undhagi Jêpara sami bêbêrah nyambut damêl dhatêng ing Kudus, dene ing Jêparanipun piyambak botên wontên griya ukir-ukiran kados ing Kudus.

Sarèhning kitha ing Jêpara botên anyênêngakên dhatêng ing têtiyang amônca, awit botên ambingahakên ing manah, mila kula tumuntên wangsul dhatêng ing Kudus malih, dhatêng kula ing ngriku namung lèrèh sadalu.

XII. Cariyosing Kabupatèn Dêmak Karesidhenan Sêmarang

Ing wêktu enjing kula andumugekakên lampah kula dhatêng Dêmak, sadhatêng kula ing watês Dêmak, watawis tigang pal têbihipun saking Kudus, kang dados watês wau lèpèn agêng nama Serang, ing ngriku wontên krêtêgipun agêng, sarêng kula ngancik siti ing Dêmak, ningali siti sarta dhusun-dhusunipun anglangkungi kathah kaotipun kalihan bawah ing Kudus, awit kang kapisan, pinggiring margi botên wontên têtanêmaning sanèsipun kajêng kuda,

--- 251 ---

dhusun-dhusun anglangkungi têbih bênggangipun, kiwa têngêning margi kaetang sabin sadaya, mila ing salèring margi saking wiyaripun sabin kantos botên katingal pinggir utawi pungkasanipun, mila bilih kalêrês wontên têtanêmaning pantun gêmadhung, rupenipun kados sagantên ijêm. Dhatêng kula ing Dêmak, kula namung sipêng kalih dalu.

Ing Dêmak punika kang kenging kawastanan kitha naming uruting margi agêng kang saking Kudus dhatêng Sêmarang panjangipun watawis wontên sapal, nanging kang katingal rame piyambak tuwin sae, namung pacinanipun kang panjanging watawis wontên saprapat pal.

Alun-alunipun wiyar, Kabupatènipun majêng mangidul angajêngakên alun-alun, ananging antawisipun griya Kabupatèn kalihan alun-alun kalêtan lèpèn agêng kang saking Tuntang, mila kawastanan lèpèn Tuntang, masjid pêpundhening tanah Jawi, awitaning tanah Jawi wontên masjid agêng yasaning para waliolah, wontên ing sakilèning alun-alun, wetaning alun-alun griya agêng kunjaran utawi bui, kiduling alun-alun griya Asistèn Residhenan kalihan kantoripun Asistèn [Asistè...]

--- 252 ---

[...n] Residhèn.

Sarèhning kalêrês dintên Jumuwah, mila kula amêrlokakên jiyarah ing pasareanipun para Kangjêng Sultan Dêmak, kang sumare ing pêngkêraning masjid. Pasarehaning Kangjêng Sultan kang kaping 3 sasantananipun ngangge kacungkup, dene cungkupipun kalêbêt agêng sarta taksih kalêbêt inggal. Kacriyos cungkupipun lami sampun risak, mila kala Panjênênganing Kangjêng Pangeran Dêmak, watawis nalika taun Walandi 1852 kayasakakên inggal, inggih ingkang kula tingali punika. Pasareanipun Kangjêng Sultan kang sapisan sarta kaping kalih, pagenaning wontên ing sajawining cungkup kang sisih lèr utawi sanginggiling Kangjêng Sultan kang kaping 3, mila botên kacungkup, awit Kangjêng Sultan kêkalih wau botên angarsakakên. Sasampuning kula jiyarah ing pasareaning Kangjêng Sultan kêkalih ingkang awitan wau, kula lajêng jiyarah ing pasarehaning Kangjêng Susuhunan Ngundung kang pagenanipun sami wontên ing sajawining cungkup, ing sêkaranipun pasarean Ngundung wau ing sisih ngandhap utawi kang ing dagan, wontên cirenipun sangkala sêratan kaukir ing

--- 253 ---

sela sêkaran wau, dene ungêlipun kados punika: pandhita trustha sariraning tunggal, saking criyosipun juru kunci kang kasangkalan punika nalika sedaning Kangjêng Susuhunan wau, saking ngriku kula lajêng saos bêkti ing pasareanipun Kangjêng Sultan kang wontên ing salêbêting cungkup, dene pasareanipun Kangjêng Sultan wau jajar kemawon kalihan pasarehaning kang garwa tuwin para santananipun kang sêpuh-sêpuh.

Undur kula saking pasarean wau, kula lajêng aningali masjid, surambenipun ngangge cagak 8 sami ukiran kina sadaya, saking pratelaning pangulu Dêmak, cagak punika sadaya bêktan saking Majapait, dene sangkalanipun surambi kados punika: kori loro gawening wong, wondene kori masjid wau wontên gambaripun, kawastanan gambar gêlap, mawi dipun cèt sarta kapraos. Saking cariyosipun pêngulu Dêmak, umpakipun kori samangke punika wontên sêrataning sêngkala, ananging samangke katutupan plêster, ungêlipun kados punika: patra kinarya rupa gêlap tunggal, kula tumuntên malêbêt ing salêbêting [salê...]

--- 254 ---

[...bêting] masjid. Sayêktos angayêmakên ing manah aningali jêmbar sarta sugrênging masjid wau, sakanipun guru sakawan punika sami bundêripun, dipun tutupi papan kados dening tong mawi dipun sohi tosan, dene agêngipun saka wau kalih rangkulaning tiyang, saka guru sakawan wau sami saka kina sadaya, yasanipun para waliolah, dene saka guru kang lèr wetan punika saka tatal yasanipun Kangjêng Susuhunan Kalijaga, nanging sarèhning katutupan papan, dados tatalipun botên katingal, mila kula pitaken dhatêng pêngulu punapa sapanginggil tatalipun botên katingal pindhah, wangsulaning Pangulu, yèn ingkang nginggil pindhah inggih katingal tatalipun, dene yèn kula badhe sumêrêp, kula kapurih minggah manginggil. Sarèhning anèh, mila kula lajêng minggah dhatêng ing lotèng, sadhatêng kula ing lotèng wontên andhanipun dêling kang sêmendhe dumugi ing pucaking saka wau, sarèhning kula minggah dumugi ing têngahing andha sangêt ajrih kula awit saking panjangipun andha aliting dêling, mila andha wau mêntul-mêntul, sarehne sangêt gumêtêr kula,

--- 255 ---

kantos kula mèh dhawah, ananging saking sangêting pikajênging manah kula kumêdah sumêrêp, dados inggih dumugi ing nginggil. Dhatêng kula ing nginggil, sangêt gumun kula aningali saka wau, dene sampun samantên lamènipun taksih kêkah sarta botên ewah, wondèntên salêrêsipun dede tatal, nanging kêthokan kajêng kang agêngipun salêngên-lêngên panjanging sahasta, dene papan kang kadamêl nutupi punika kandêlipun namung sadim, wanguning kados dening tong ngangge soh tosan, sampuning kula ningali, kula lajêng mêdhun malih.

Samangke kula dumugekakên ênggèn kula nyriyosakên masjid, saka rawanipun sadaya banon utawi pilar ingkang sami gilig, dene agêngipun botên kacek kathah kalihan saka guru wau, pagêring masjid banon kandêlipun kalih kaki utawi ngangge banon kalih wayut, jêndhela-jêndhela, kori-kori tuwin lotèngipun sadaya sami dipun cèt, dene mimbaripun taksih mimbar kina, ananging samangke dipun cèt sarta kapraos inggal, saking criyosing pangulu, siti sangandhapipun mimbar punika, kala

--- 256 ---

kinanipun kang wontên thukulaning glagah wangi.

Masjid punika nalika taun Wawu ôngka 1769, awit saking karsanipun parentah, kadandosan ingkang rêsakrisak. utawi kaenggalakên sadaya, awit kala punika sampun sangêt risakipun, anguwatosi bilih rêbah, dene ingkang amragadi sadaya Kangjêng Gupêrmèn saha Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing nagari Surakarta sarta Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing nagari Ngayogyakarta, kacriyos etanganipun botên kadandosan, nanging kadamêl inggal sadaya, namung saka guru, mimbar sakaning surambi punika kang taksih sami kina, sanèsipun sadaya sami inggal.

Saking ngriku kula kesah dhatêng ing Kadilangu, têbihipun saking Dêmak watawis sapal. Ing ngriku kula jiyarah ing pasareanipun Kangjêng Susuhunan Wali Kalijaga, kang kapitados nênggani pasarean wau putra wayahipun kang sinare, sami ugi kados ing Drajad kasêbut ing ngajêng, dene lênggah tuwin namaning têdhakipun Kangjêng Susuhunan kang jagi astana utawi kasaranipun inggih juru kunci ing ngriku Pangeran Wijil, dene têdhanipun kaparingan [ka...]

--- 257 ---

[...paringan] dening parentah sumêrap kados dening pensiyuning têdhakipun kang sinare kang sawulan 175 rupiyah, kajawinipun punika kaparingan dhusun sawatawis, kangge ngrimati astana tuwin para têdhaking kang sinare sanèsipun.

Dhatêng kula ing Kadilangu, kula lajêng dhatêng ing griyaning Pangeran Wijil wau, wondening griyanipun jawi kemawon, pandhapenipun anglangkungi rêsah, katawis yèn botên karimatan, malah kadamêl angingu sawung abênan, langkung malih wêngkoning griya kaetang kados wana saking ênggèning botên karimatan, sampuning kula pinanggih kalihan Pangeran Wijil, kula nêdha pamit badhe jiyarah dhatêng ing pasarean, supados kula kapurih angirit dhatêng tiyang kang sampun nate malêbêt ing astana punika, sanalika lajêng angundang juru kunci taksih sanakipun piyambak, punika kang kapurih dhèrèk angirit lampah kula dhatêng pasarean wau, lêbêt kula ing gapura kang kapisan, kula lèrèh sakêdhap ing bale manguning pasarean punika, ing ngriku juru kunci anêdahakên dhatêng ing kula panjang padhaharaning Arya [Ar...]

--- 258 ---

[...ya] Jipang, kang kalêrês dhahar kawartos yèn wontên mêngsah Kangjêng Panêmbahan Senapati rawuh, sarêng mirêng makatên lajêng kêpêlaning sêkul badhe kadhahar kabanting ing panjang wau lajêng pêcah dados sakawan, dene rupining panjang punika kados damêlan Cina mawi sêkaran ijêm sarta abrit. Tumuntên kula malêbêt ing gapura kang kaping kalih lajêng malêbêt malih ing kori kang kaping tiga dhatêng ing sajawining cungkup pasarean ingkang jawi, sadhatêng kula ing ngriku, kula lajêng lênggah, botên antawis dangu kula malêbêt ing cungkup, ing ngriku wontên cungkupipun malih alit pagenaning pasareanipun Kangjêng Susuhunan, sadhatêng kula ing lêbêt pindhah kula lajêng tahlil.

Dene cungkup wau griya limrah kemawon, wangun pêncu pagêr papan gêbyog, makatên ugi cungkup ingkang lêbêt pagenaning pasarean, inggih botên wontên têtingalanipun ingkang anèh.

Saking ngriku kula lajêng wangsul dhatêng Dêmak malih saha malêbêt ing Kabupatèn, dene griya Kabupatènipun wangun loji griya Walandi ananging wontên pandhapenipun [pandhape...]

--- 259 ---

[...nipun] wangun Jawi dipun cèt pêthak sarta ngangge têpi praosan sadaya, mila katingal sangêt asri prayogènipun. Ing pandhapi wau wontên gamêlan salendro kang nglangkungi agêngipun, bilih nabuh kalihan ngadêg, awit rancakanipun inggil, manawi dipun ungêlakên sangêt ngantos kapirêng sapos têbihipun. Gamêlan punika sayêktos ing tanah Jawi botên wontên kang angungkuli agêngipun. Ananging bilih kaungêlakên, sarehne kagêngên, mila botên anyênêngakên ing manah awit ungêlipun kasangêtên, botên sagêd mirêngakên tiyang wicantênan.

Sarehne ing kitha Dêmak botên wontên têtingalan malih, sarta sampun kalamèn agèn kula kêkesahan, dados kula lajêng dhatêng ing Sêmarang kang têbihipun saking Dêmak tigang pos utawi 17 pal, dhatêng kula ing Sêmarang kula sipêng sadalu, enjingipun kula mantuk dhatêng ing Salatiga malih. [ma...]

--- 0 ---

[...lih.]

REIZEN VAN RADEN MAS HARIO POERWO LELONO

NIEUW OMGEWERKT EN VERMEERDERD DOOR RADEN MAS ADIPATI HARIO TJONDRO NAGORO

EERSTE DEEL

Uitgeven Door Het Gouvernement Van Neerlandsch-Indie

Gedrukt Te Samarang Bij G. C. T. Van Dorp & Co 1877.