Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kêkesahan dhatêng Nagari Walandi, Suryasuparta, 1916, #530 (Hlm. 001-078)

Katalog:Kêkesahan Dhatêng Nagari Walandi, Suryasuparta, 1916, #530
Sambung:
1.Kêkesahan dhatêng Nagari Walandi, Suryasuparta, 1916, #530 (Hlm. 001-078). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #836.
2.Kêkesahan dhatêng Nagari Walandi, Suryasuparta, 1916, #530 (Hlm. 078-162). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #837.
3.Kêkesahan dhatêng Nagari Walandi, Suryasuparta, 1916, #530 (Hlm. 162-234). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #838.

--- 0 ---

Serie uitgaven bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur. No. 168.

Sêrat Cariyos Kêkesahan saking Tanah Jawi dhatêng Nagari Walandi

Kaanggit dening Radèn Mas Harya Surya Suparta

Jilidan Kapisan

Saking Samarang dumugi ing Marsilyê

Kaêcap wontên ing pangêcapanipun Filiaal Albrecht & Co. ing Wèltêfradên taun 1916

--- 0 ---

Buku-buku ingkang kasêbut ing ngandhap punika kenging tumbas dhatêng Depot van Leermiddelen ing Betawi. Yatra rêgining buku kedah kakintun rumiyin ngangge postwissel Buku Jawi

R. Ng. Jaya Puspita. Sêrat Mahabharata ... f 1,52 / Ng. Wira Pustaka. Tata-cara ... f 1,80 / R. Ng. Suradipura. Dongèng awarni-warni ... f 0,83 / R. M. Surya Pranata. Sêrat Sotya Rinonce ... f 0,37 / D. F. van der Pant. C.a. Durcara Arja ... f 0,09 / R. Prawira Winarsa. Sêrat Gugon Tuhon ... f 0,14 / M. Puja Arja. Dongèng cariosipun tiyang sepuh ... f 0,12 / M. Puja Arja. Sêrat carios ingkang kasawaban ing nama ... f 0,07 / R. Prawira Winarsa. Carios Pandung ... f 0,08 / Mas. Wangsadiarja. Layang ngèlmu alam warna-warna ... f 0,17 / Prawira Winarsa. Sêrat lagu bocah-bocah ... f 0,27 / Prawira Winarsa. Sêrat Piwulang Cablaka ... f 0,05 / Jaka Sêdiya ... f 0,09 / Ng. Wirapustaka. Patibasa ... f 0,95 / R. Ng. Citrasêntana. Mardisiwaya I ... f 0,25 / R. Ng. Citrasêntana. Mardisiwaya ... II ... f 0,25 / W. Meijer Ranneft. Cangkriman basa Jawa nganggo têmbang (aksara Latin) ... f 0,10 / M. Prawira Sudirja. Cariyos tanah parêdèn Diyèng ... f 0,08 / M. Karta Siswaya. Pangrêsulaning Kewan ... f 0,10 / R. Wirawangsa. Walidarma (aksara Latin) ... f 0,11 / R. Ng. Suradipura. Sêrat Darmabrata (Suraji) ... f 0,88 / M. Jaja Tênaya. Sêrat Panuntun tani I ... f 0,88 / M. Jaja Tênaya. Sêrat Panuntun tani II ... f 0,15 / R. M. Mangkudimeja. Asta Carita ... f 0,15 / M. Puja Arja. Sari Mulya ... f 0,23 / R. Marta Arjana. Sêrat Kula Pratama ... f 0,12 / M. Puja Arja. Dongèng Empol-Empil ... f 0,08 / R. Marta Kusuma. Pratikel murih sudaning karajalan (aksara Latin) ... f 0,06 / R. Purwa Suwignya. Nem-belas Carios (aksara latin) ... f 0,08 / R. Purwa Suwignya. Pakêm Ringgit Purwa I (aksara latin) ... f 0,15 / R. Purwa Suwignya. Pakêm Ringgit Purwa II ... I dem (aksara latin) ... 0,12 / R. Purwa Suwignya. Pakêm Ringgit Purwa III (aksara latin) ... f 0,14

--- I ---

Serie uitgaven bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur. No. 168.

Serat Cariyos Kêkesahan saking Tanah Jawi dhatêng Nagari Walandi.

Kaanggit dening Radèn Mas Harya Surya Suparta

Jilidan Kapisan

Saking Samarang dumugi ing Marsilyê

Wawênangipun ingkang nganggit sêrat punika kaayoman dening anggêr taun 1912 bab karang-karangan. Sêrat punika inggih kenging katurun, kaêcap utawi kaanggit malih ananging kêdah wontên sêrat palilah saking Commissiê voor dê Volkslêctuur.

Kaêcap wontên ing pangêcapanipun Filiaal Albrecht & Co. ing Wèltêfrèdên taun 1916

--- II ---

--- III ---

Isinipun sêrat punika… Wiwit kaca dumugi kaca:

Bab kapisan, bêbuka. numpak baita motor dhatêng kapal api Wilis, nyariyosakên kapal Wilis, pamitan dhatêng wandu wandawa. wancinipun nêdha, bidhal saking Samarang. Panganggenipun para numpak ing baita, angêmot momotan wontên ing palabuhan alit ing Pakalongan, awrating raosipun manah anilar tanah Jawi, mutyaraning tanah India Nèdêrlan, Tanjung Priyuk palabuhanipun, ing kantor pabeyan, dhatêng Wèltêfrèdên sarta Bogor. Ingkang prêlu-prêlu tiningalan, Gondhang Diyah enggal, babad-babadipun kitha Batawi ... 1-59

Bab kaping kalih. Bidhal saking Tanjung Priyuk, nglangkungi supitan Sundha. ngambah samodra

--- IV ---

Indiya. Nagari Padhang. Juru slulup, midêr ing salêbêtipun kitha, babad saha cacriyosanipun, pangumbahing baita sasampunipun ngêmot arêng sela…59-78

Bab kaping tiga, bidhal saking palabuhan Têluk Bayur (Emmahave) kinggihinggih. palabuhan ing Padhang. Baita Wilis gonjing amontang-manting, mêndêm laut, ingkang sampun dados padatanipun ing baita. Tambanganipun baita dhatêng nagari Walandi. Bècèranipun wontên ing baita. sasêmbènsêsambèn. warni-warni murih botên ambosêni. Palêthèking surya ing sagantên, rikating lampahipun Wilis, anêngêri ing gambar kar prênah dununging baita. Sabibaripun nêdha siyang, nêdha ing wanci sontên, patrapipun sadanguning nêdha, sacêlakipun tanah Hindhu (Voor-Indië). Ombak agêng ing samodra Indiya sacêlakipun kaad

--- V ---

Gardafui, bêbayaning lampahipun baita. anjajagi sagantên, ing têtêluk, Aden, ngandhapakên sêrat-sêrat pos ing Pèrum, lumêbêtipun ing palabuhan Pêrim, dhoktêr minggah ing baita, ningali kitha Pèrim…78-119

Bab kaping sakawan. Dolan-dolan ing sagantên abrit (Roodezee). Papagan kalihan sanès-sanèsipun baita. Siyangipun mindhak panjang. Suruping surya ing sagantên abrit, Port Ibrahim. Suez, baita pêrang Turki Mêdjidiê, wontên ing palabuhan, kadhatêngan dhoktêr, sudagar Arab, gawoking manah aningali kitha Suêz. Lumêbêt ing Suez-kanaal, - Ismailia - zoeklicht saking baita agêng ingkang ngambah Suez kanaal ... 120-149

--- VI ---

Bab kaping gangsal, Port Said, dhatêngipun ing ngrika, musikan ing baita. Minggah ing dharatan, midêr-midêr ing Port-Said tokonipun Simon Artz. kafe (Cafe) ramenipun ing palabuhan, tiyang sêsadeyan ing baita. Bidhal saking Port Said, katingalipun palabuhan, rêca dê Lêssêps sagantên têngah (Middellandsche zee) ... 149-162

Bab kaping nêm. Katranganing nama Middellandsche zee. Ugi kawastanan sagantên kina. Pamanggihipun têtiyang ing jaman kina bab jagad, nyariosakên pulo Creta. Supitan, Messina. Rêdi latu Stromboli, pêpêthukan kalihan kapal api: Tambora. Pulo-pulo Corsica sarta Sardinië, kawontênanipun tanah Rivièra. lan Monaco, sasampunipun kalangkung Port-Said. botên wontên tiyang mangangge pêthak, pasugatan nêdha ing wanci sontên, angajêngakên [anga...]

--- VII ---

[...jêngakên] dhatêng ing Marseille. Minôngka wêkasaning panggihan, dalu ingkang wêkasan…162-194

Bab kaping pitu. Kitha Marseille. Bedanipun palabuhan Marseille kalihan palabuhan Tanjung Priyuk, panumpang ingkang bingungan. Rotterdamsche Lloyd kaparingan wawênang nyadeni karcis dhatêng sadhengah tiyang ingkang sumêdya nglajêngakên anggènipun kekesahan ngambah dharatan (sêpur). Agènipun Rotterdamsche Lloyd. Bandar. Bedanipun srutu tuwin sigarèt, hotèl Continental. Anèhipun tendhaning kreta fiacrie. Sadhatêngipun ing hotèl, mênggah wujud saha rêrêngganipun griya ing tanah Eropah. Juru nêdahakên margi, umbalanipun angliling gambaring kitha, Kèkê ingkang sae saha mirah, radinan agêng nama nama ruede Cannebière kapandhing kalihan [ka...]

--- VIII ---

[...lihan] radinan ing Batawi. Ing tanah Eropah nyimpangipun kareta kêdah manêngên, kathahing tiyang ing radinan, Vluchtheuvels inggih punika pêpunthuk ing têngah radinan. Cafe ing trottoir (trotowar). Sasêratan ingkang nêdahakên satunggil-tunggiling radin simpangan, dintên agêng kala tanggal 14 Juli. Paradhê agêng ing kitha Paris. Numpak trèm dhatêng nôtre Dame de la Garde. Kareta trèm sarta griyaning nagari ingkang sami rinêngga, Rome. Promenade du Prado. Anggagas têtiyang bôngsa Jawi. Nêrangakên gagasan ing nginggil wau ... 194-234

--- 1 ---

Minôngka pahargyan katur ing pêpujan kula Sang Kusumaning Ayu Adi Rêtna.

Lampah kula saking tanah Jawi dhatêng ing nagari Walandi.

Tontang wening samodra / nglangutakên pagut / yèn lanang ngakasa / kataman Sang Hyang Arka / ngujwala ring gagana / mandipan nikang rat: / dumêling sanggyanira / ujung swamipèng nuswa / utaraning Jawa / myang palwa labuh laya / anahu mawa brama / doh lir sasadhara //

Sêkar agêng, sasadhara kawêkas, kangge ambukani gêndhing babar layar.

Bab kapisan

Botên kula cariyosakên anggèn kula bidhal saking griya numpak kareta latu (sêpur) dhatêng ing Samarang, utawi anggèn kula nêningali têtingalan warni-warni, punapadene têtumbas kabêtahaning tiyang, ingkang badhe kêkesahan têbih numpak baita dhatêng ing nagari ngamanca, sadangunipun kula wontên ing kitha Samarang wau, amargi ing jaman sapunika, sipat tiyang sagêd angungêlakên sastra, [sa...]

--- 2 ---

[...stra,] kenging katamtokakên, kilap têbih cêlakipun, sampun nate numpak sêpur, tuwin sampun sumêrêp mênggah kawontênanipun ing kitha agêng, ingkang mangku palabuhan, botênipun Samarang tamtu inggih: Cêrbon (Cirêbon) Pasuruwan, utawi Surabaya. Mila anggèn kula badhe nyariosakên lampah kula dhatêng ing nagari Walandi kula jujug kemawon, wiwit anggèn kula mancal saking dharatan pasisir lèr, numpak baita alit murugi dhatêng panggenan labuhipun baita agêng, ingkang badhe kula tumpaki.

Nalika samantên, pinuju dintên Sabtu Wage tanggal kaping 9 Rêjêb, taun Alip, angkaning warsa 1843 utawi kaping 14 Juni 1913 wanci enjing jam 7 kula kalihan sadhèrèk kula sawatawis, ingkang sami nêdya nguntapakên lampah kula, sampun dumugi ing imbanging palabuhan Samarang, amargi miturut pratelanipun pangagênging garap kantor Matsêapèi Rotêrdham Sêloid, ingkang andarbèni baita ingkang badhe kula tumpaki, jam 8 enjing ing dintên kasêbut ing inggil wau, kula katamtokakên sampuna ing baita. Sadhatêng kula ing imbanging palabuhan, kula enggal mandhap saking kareta, lumampah gêgancangan jujug ing griya pakèndêlaning tiyang, ingkang badhe numpak [numpa...]

--- 3 ---

[...k] baita tambangan dhatêng baita agêng, wusana dumugi ing ngriku, kula sumêrêp anak tuwin biyung kula, punapadene sadhèrèk kula satunggal dalah anakipun, ingkang mangkat langkung enjing, kaajak sadhèrèk kula ingkang gêgriya ing Samarang, sampun sami numpak baita lisah (motor) sawêg kemawon mancal saking dharat, sanalika kula lajêng kêplok tuwin suka sasmita, bilih badhe tumut, sadhèrèk kula tanggap ing sasmita, ginêman sakêdhap kalihan ingkang nyêpêng kêmudhi bôngsa Walandi, lajêng angawe sarta nudingi mangajêng, murih kula anututana lampahing baita. Botên sarônta kula lajêng mêdal saking griya pakèndêlan, tinuding ing para sadhèrèk, ingkang sami ngêtêrakên lampah kula, nututi lampahing baita motor, turut pinggiring lèpèn pakèndêlanipun baita layar alit-alit, watawis kalihdasa tindak kula sasêdhèrèk lajêng angsal wot baita kalih, ingkang labuhipun jèjèr wontên sapinggiring lèpèn, jumangkah saking ngriku kula sasêdhèrèk sampun lajêng wontên ing baita motor.

Sasampunipun kula katêpangakên sadhèrèk kula kalihan ingkang nyêpêng kêmudhi, abdinipun Kangjêng Gupêrmèn ingkang gadhah rêrêksan baita motor, sarta kawajiban nitipriksa [niti...]

--- 4 ---

[...priksa] kawontênanipun palabuhan ing sabên dintênipun. Kula sasêdhèrèk dalah anak-anak lajêng linggihan wontên ing canthik ngajêng, ngraosakên anglêring lampahipun baita, ingkang saya dangu saya langkung manêngah, lampahipun kados angêmbat-êmbat panjalin, sadangunipun baita lumampah, kula saprikônca mèh botên wontên ingkang ginêman, kala-kala namung wontên kapirêng caluluk ingkang mawi sinarêngan kumlawening tangan anudingi, gêndhuk galo kae bêcik, utawi: ayo kae tontonên, kosokwangsulipun, mripat botên narimah ningali sakeblat, sirah tansah menga-mengo, saking kêdah kumêdahipun ningali sadaya ingkang kenging kasawang, sabab kula saprikônca, kathah ingkang sami katêmbèn numpak baita wontên ing sagantên.

Lampahing baita motor ngancas dhatêng panggenan labuhipun baita agêng-agêng, ingkang rinubung baita alit-alit, pindha sata ingkang angêmong kuthukipun, mapanipun baita agêng-agêng botên jèjèr-jèjèr, nanging mêksa ngêmpal wontên sapanggenan ingkang lêbêt, wontên ingkang apipa satunggal, wontên ingkang apipa kalih, sawênèh ngantos apipa tiga. Mênggah pipa-pipa wau sanès-sanès ulêsipun manut Matsêkhapèinipun [Matsêkhapèini...]

--- 5 ---

[...pun] ingkang gadhahi piyambak-piyambak, wontên ingkang kulawu sinêsêsinêsêlan. pêthak ing têngah, wontên ingkang biru sêpuh sinèrèt cêmêng ingkang bongkot tuwin ing pucuk. Dening ulêsing baita ing badan sakojur sadaya racak kulawu mawi sinèrèt abrit sêpuh, wiwit watês garis sipataning toya, mênawi palwa sampun kêbak momotipun, dumugi sapangandhap, baita alit-alit sakiwa têngêning baita agêng, sami kesah dhatêng andalidir, wontên ingkang sami tumèmplèk ing baita agêng, manjul-manjul manut ebahing baita agêng, ingkang labuh jangkar wontên ing satêngahing palabuhan, wontên ingkang lembak-lembak mrêgil wontên ing antawising baita agêng kalayan dharatan, sabên lampahipun lêlancangan baita motor anglir tiyang ingkang lumampah klênthung-klênthung, kalangsar lampahipun tiyang ingkang kasêsa, pilaur botên purun ningali ingkang kasêsa, nanging eca-eca anggèning lumampah satindakipun kados kuwatos katularan ing kasêsanipun, saupami aningalana.

Saya manêngah lampahipun baita ingkang kula tumpaki, saya sumêblak sawanganing pangaksi, ingkang mangalèr ngantos pagut watêsing ngakasa lan samodra, ingkang mangilèn tuwin mangètan sami ugi, namung beda mawi kasêlan [kasê...]

--- 6 ---

[...lan] jaliriting pasisir, ingkang anggamêng misah gathuk ing langit lan toya. Dene ingkang mangidul, pungkas-pungkasaning pangaksi tangkêping bumi lan akasa mawi karêngga gumêlaring kitha Samarang, ingkang asri pangongkangipun ing jaladri, kados asuka pracihna gunging karaharjanipun nuswa Jawi.

Saya têbih saking dharatan, saya wiyar tibaning pangaksi ingkang angsal kitha Samarang, griya alit-alit ingkang pagêr banon katingal tharik-tharik babarisan, ingkang langkung alit malih sampun botên cêtha, wêwangunipun katingal jêjêl riyêl, uyêl-uyêlan kados gagrombolaning tiyang, ingkang rêbut dhucung, ingkang badhe ningali têtingalan, dene ingkang taksih kenging kasawang wangunipun, kantun griya agêng-agêng sawatawis, ingkang kapinujon ngegla prênahipun, kados ta: kantor agêng ing alun-alun, grija rum ingkang bundêr, malênthuk payonipun kados tutup saji, tuwin mênaraning palabuhan, ingkang nadyan alit nanging inggil tuwin cêlak prênahipun, anjêjêr kados amathoki watêsing sêgantên kalihan dharatan, nganjir kados ngatingal-ngatingalakên bilih dados pandoming baita, ingkang sami badhe lumêbêt dhatêng ing palabuhan.

Kula punggêl sêmantên kemawon, anggèn kula nyariyosakên [nyari...]

--- 7 ---

[...yosakên] asrining pangaksi ing palabuhan Samarang, tuhu anggawokakên, langkung malih manawi katingalan sarana kaca praktana, ananging ingkang dados ascaryaning manah sayêktos, punika siliring samirana ingkang ngidit saking samodra, ingkang tumampêk ing angga, karaos kados adamêl sêgêring otot bayu sungsum.

Baita motor ingkang kula tumpaki, ngangkah-angkah enggokipun anggèning badhe mèpèti baita agêng, swantêning motor, dhuk-dhuk-dhuk, saya tamban-tamban, mila lampahing baita inggih saya kêndho. Sasampunipun manikung sawatawis kawah baita motor grêg, mandhêg tumèmplèk undhak-undhakaning andha, satunggiling baita agêng ingkang kawistara saking ungêling sastra ing lambening canthik ngajêng pun Wilis, inggih punika baita badhe tumpakan kula dhatêng ing nagari Walandi. Sanalika bêbau ing baita motor, cikat anyandhak andhaning baita agêng ingkang lajêng ginubêt ing dhuwur, mawa bandhul agêngipun saklênthing, murih sampun ngantos uwal panèmplèkipun baita motor saking lambungipun Wilis, kula saprikônca ingirit pangagênging baita motor, lajêng minggah ing ôndha, anjog ing kajoganipun kamar-kamar pangkat satunggal, ing panggungan ôngka 1. Ingkang katingal ing

--- 8 ---

ngriku namung punggawa baita, Opsir satunggal kalihan matrus sawatawis, tiyang numpak dèrèng wontên satunggal-tunggala. Kacariyos ingkang numpak wiwit saking Surabaya, taksih sami wontên ing kitha Samarang, dhatêngipun mangke jam 8 numpak baita tambangan, sarêng akalihan ingkang sami numpak saking kitha Samarang.

Sasampunipun kula katêpangakên sadhèrèk kula, kalihan para punggawa baita Wilis ingkang katingal ing ngriku, kula lajêng ing kamar-kamar pangkat kalih, pêrlu ningali kamar ôngka 4, ingkang sampun katamtokakên dening agènipun Rotêrdham Sêloid, dados kamar kula sadangunipun kula wontên ing baita. Mênggah lampah kula dhatêng kamar ôngka 4 wau saking kajoganipun panggungan ôngka 1 ing pangkat satunggal, mandhap rumiyin saandha, anjog kajoganing baita, mêdal margi brobosan ingkang dhatêng tiyang wingking, lajêng nglangkungi papan ngêdhag-êdhag tanpa payon, têrus malêbêt kamar nêdha pangkat kalih, ing sawingkingipun kamar nêdha wau kaprênah sisih kiwa kapering têngah, wontên ing jujugan, ing ngriku prênahipun kamar kula, kula nginguk isining kamar kawontênanipun kados kasêbut ing ngandhap punika.

(Isining kamar pangkat kalih ing baita latu: kapal api)

--- 9 ---

patilêman 1, manggènipun mujur nurut ujuring baita, sukunipun sakawan manjing angsal kajoganing kamar, mawi kasur satunggal ingkang langkung kandêl ing prênah sumèlèhing sirah, sarta kajang sirah satunggal mangunwangun. pasagi, ing wanci siyang kalanipun botên kangge, patilêman wau tinutup lurup pêthak, sangandhaping kasur wontên kamlinipun kalih iji, kandêl-kandêl, ingkang katumpangakên pir ing patilêman, bokmanawi sadhiyan kangge manawi kalamangsanipun asrêp

Sanginggiling patilêman wontên kêpêtipun kitiran ingkang lumampah saking dayaning èlèktris, kawastanan ventilator.

Sacêlaking patilêman, jèjèr kalihan prênahing kajang sirah, pangraupan tanpa kumbaya cucuk wadhah toya. Sanginggiling pangraupan kaca, sawatawis agêng, gumantung tumèmplèk ing gêbyok, sipat dhadhaning tiyang ngadêg, ing sangandhaping mawi rak susun tiga, alit-alit, pirantos nyèlèhakên gêrgêlèkhèr gêlèk. kêmon kalihan gêlas, sumèlèhipun pangraupan wau, pêjahan wontên ing bancik kajêng, ingkang kareka bênèt alit, isi blok sarupi kados têmpolong, pirantos pambucalan toya ingkang mêntas kangge raup, mêdal bolongan ingkang dumugi satêngahing pangraupan, wontên malih

--- 10 ---

isinipun copo satunggal, pirantos wadhah toya ingkang kangge raup, minôngka lintunipun kumbaya cucuk.

Sanginggiling patilêman radi kapering ngajêng kaca, wontên dilahipun èlèktris alit, ingkang kenging kapêjahan utawi kagêsangakên saking kamar ngriku sarana putêran.

Canthelan pangangge, manggènipun tumèmplèk ing gêbyog kapering kiwa tuwin sangandhapipun patilêman, cacahipun watawis wontên sadasa iji.

Sanginggiling patilêman cêlak kalihan langitaning kamar, wontên rakipun ingkang katumpangan kotang gabus, sadhiyan manawi wontên kèrêmipun baita, kênging kangge ngambang wontên toya.

Ing gêbyog têngêning patilêman, saukur saranggehanipun tiyang tilêman, wontên angsangipun ingkang kenging kangge wadhah buku utawi sanès-sanèsipun, tuwin wontên pênthil pijêtan, klinthing pêrlu kangge ngundang prikônca ngladosi ing baita, mênawi èwêd utawi ngaral kapêksa botên sagêd mêdal saking kamar, kados ta: bilih mêndêm laut, sakit, dèrèng mangangge jangkêp sapanunggilanipun.

--- 11 ---

Aliya saking punika sampun botên wontên isinipun punapa-punapa.

Anglajêngakên cariyos kula, sasampunipun kula nginguk kamar, kula kalihan sadhèrèk tuwin sanak, kula lajêng mêdal dhatêng kajoganing baita ingkang botên mawi payon (kuildek) ing ngriku kula sumêrêp babêktan kula pêthi agêng isi pangangge, nuju sawêg gumantung mêntas kaangkat saking baita motor, mênggah pangangkatipun sarana kajêng giligan, ingkang bongkotipun mèh saprangkul agêngipun, pucukipun kalih tutup tangan mawi cinancangan dhadhung, bongkotipun angsal tiyang srumpung, lampahipun mingar-mingêr tuwin minggah mandhap, saking kaebahakên ing asêp sêtum asêp, prasasat namung sakêdhèpan, pêthi kula sampun sumèlèh ing kajoganing baita wilis, têrus kaangkat ing tiyang, kabêkta ing kamar kula, kalêbêtakên sangandhaping patilêman: Salajêngipun kula kaajak sarapan sasêdhèrèk kula Samarang wontên ing kamar nêdha, dalah sadhèrèk biyung tuwin anak kula, botên namung kula piyambak, nanging dalah sadaya ingkang ngêtutakên, sami botên susah mawi ambayar ingkang katêdha, awit sampun makatên caranipun ing baita, namung manawi nêdha minuman, punika kêdah mawi prabeya.

--- 12 ---

Sabibaripun sarapan, kula lajêng mubêng ningali tata rakiting baita, kairid sadhèrèk kula Samarang ingkang nêdahakên sakwêring kawontênanipun ing ngriku, sarta kêkinthil ing para sadhèrèk kula dalah biyung tuwin anak, ingkang ugi sami kapengin sumêrêp.

(Tata rakiting baita)

Wiwit saking kamar kula ôngka 4 ôngka 2 lumampah dhatêng wingking kanan kering kamar pangkat 2 sadaya wontên ingkang sadhiyan kangge tiyang kalih, wontên sêdhiyan ingkang kangge tiyang tiga, utawi sakawan, wiyaring kamar manut kathah kêdhikipun ingkang ngênggèni, mêksa botên sêpintêna kaotipun sabab ing kamar ingkang sadhiyan kangge langkung saking tiyang kalih, patilêmanipun malang sarta kasungsun, dados sanginggiling patilêman ingkang ngadêg ing joganing kamar, kapasangan patilêman malih, tumèmplèk ing gêbyog utawi ing dalêm sakamar sakamaripun, kabèh-kabèh ing pangraupan namung kalih, lampahing panganggenipun kêdah gêgêntosan.

Pungkasaning canthik wingking, kalêrês sanginggiling wêlah jôntra ingkang nglampahakên baita schroef punika kasinggêt malang mawi kontên nênêm, ingkang tiga dados margi dhatêng pakiwan, [paki...]

--- 13 ---

[...wan,] ingkang tiga dhatêng ing jamban, sangajênging singgêtan wontên papanipun lowahan kangge margi, manawi wontên ing ngriku madhêp nurut ajênging baita tumênga minggah sagêd sumêrêp panggungan, ôngka 1 awit saking ngriku wontên undhak-undhakanipun ingkang minggah dhatêng panggungan, ôngka 1 wau, sakiwaning undhak-undhakan, wontên kontênipun alit mawi ôndha mangandhap, margi dhatêng gudhang, gêndhis bubuk, tèh sapanunggilanipun ingkang dumunung sangandhaping kajoganing baita, têrus dhatêng panggenan momotan.

Sakiwa têngêning undhak-undhakan ingkang minggah dhatêng panggungan, ôngka 1 mèpèt gêbyog kamar-kamar, wontên marginipun trobosan, dhatêng kamar nêdha, manawi têrus mêdal lajêng anjog ing papan ingkang botên mawi eyup-eyup (kuildek) saking ngriku ugi wontên undhak-undhakanipun kangge minggah dhatêng panggungan, ôngka 1 pangkat kalih dene panggungan wau namung wontên kamaripun satunggal wiyar ingkang kawastanan: rookkamer kamar udud, sadhiyan kangge linggiyan, mawi wontên cêpakanipun, buku-buku sawatawis sêrat kabar, tuwin dolanan warni-warni, kados ta: dham, dhuminu,dhumino (dan di tempat lain). catur, sêtotêr.

Kajawi kamar udud taksih wontên kamaripun malih, kaprênah [kaprê...]

--- 14 ---

[...nah] ing poncot wingking sanginggiling jôntra lêrês, kawastanan stuurhuis mênggah isinipun pirantos-tosan ingkang nulungi ngebahakên kêmudhi, ingkang manggèn ing pêthiting baita sawingkinging jôntra, dene ebahing kêmudhi botên saking kamar wau, nanging saking ngajêng, panggenan pangêrèhing baita.

Aliya saking kamar kalih wau, botên wontên isinipun malih, dados tirahaning papan kenging kangge mlampah-mlampah para panumpak pangkat 2 ing ngriku taksih dipun pirantosi kursi panjang kangge linggihan, utawi sadaya kursi babêktanipun para numpak piyambak-piyambak, ugi sami kasèlèhakên ing ngriku, kajèjèr-jèjèr wontên ing têngah, pêrlu kangge lèyèh-lèyèh ing wanci siyang, mèh sadaya panumpak bêktanipun kursi malês panjalin, rêrêgèn 10 dumugi 15 rupiyah (wontên ingkang wangun bapangan, wontên ingkang lèrègan) amargi sampun tetela sakecaning linggih-linggihanipun, langkung malih manawi kangge ngathang-athang, dene ingkang botêbotên. purun bêkta piyambak, kenging nyewa kursi malês ing baita, ngankosngantos. dumugi nagari Walandi namung kenging pasewan 4 rupiyah.

Sanginggiling panggungan wau taksih wontên panggunganipun malih, [ma...]

--- 15 ---

[...lih,] dados panggungan ôngka 2 (sloependek), mênggah isinipun, baita sakoci 4 iji, ing têngah taksih lowah kangge wadhah grobog agêng-agêng, ngiras kangge papan pamemeyan sêmbêt, ingkang badhe kapêthak, nanging ingkang kenging ngambah ing ngriku, namung punggawa baita, dados têtiyang numpak kengingipun mriku namung manawi wontên bancana kemawon, pêrlu badhe numpak ing baita sêkoci.

Trangipun sadaya wau canthik wingking punika dados kasilah piyambak, dados wawêngkon pangkat kalih, saking gêbyok kamar nêdha pangkat kalih dumugi tiyang wingking, lajêng wontên papan ingkang lowah ngêdhag-êdhag tanpa payon (kuildek) ing têngah mawi bolongan pasagi, nyalangap wiyar sangêt, inggih punika margi mêdal malêbêting barang momotaning baita, ingkang kaangkat ing kajêng giligan, sagêd mingar-mingêr tuwin mandhap minggah, kados ingkang kula cariyosakên ing ngajêng wau.

Wiwit tiyang ing wingking dumugi tiyang ngajêng, utawi bageyaning baita ingkang têngah panggunganipun, kapetang saking kajoganing baita, susun tiga dados kaot panggungan satunggal, liyan bageyan ing wingking pangkat kalih, ananging tata rakitipun mèh sami kemawon, sakiwa têngêning tiyang ugi [u...]

--- 16 ---

[...gi] wontên marginipun trobosan ingkang bablas ngajêng margi butulan ingkang kiwa kangge marginipun para panumpak, anjog ing kamar nêdha pangkat 2, margi trobosan ingkang têngên kangge marginipun punggawa baita, anjog margi lêbêt wêdalipun barang momotan, ingkang sisih ngajêng (kuildek) manawi têrutêrus. sagêd dumugi pangkat tiga ing canthik ngajêng.

Lumahing baita sipat kajogan, trangipun kabage ing margi trobosan kalih wau, dados tigang larikan, larikan ingkang sisih têngên tumèmplèk lambunging baita ingkang têngên, manawi kaurus sapetak-sapetakipun, kawiwitan saking wingking mangajêng tuturutanipun kawitan, pakiwan, lajêng jamban, kamar nêdha, patilêman, sadaya ngêmungakên kangge sadhiyanipun juru kêmudhi (stuurman) tuwin lurah koki (wontên Walandi nênêm) lajêng margi dhatêng ing gudhang arêng (steenkool nanging ing sabin dêntênipunsabên dintênipun. kangge papan isah-isah tuwin ngoncèki kênthang tumumpang masakan roti, kamar panatu, kamar dhoktêr, kamar jampi, kamar sakit, kamar cukur, kamaripun tukang cukur. Larikan ingkang têngah sawingking mangajêng, jamban tuwin pakiwan, lajêng kamar wadhah pêthi-pêthi babêktanipun para panumpak ingkang isi sandhangan sêmbêt,sêmbèt (dan di tempat lain). lajêng undhak-undhakan kangge minggah dhatêng [dha...]

--- 17 ---

[...têng] ing panggungan ôngka 1. Lajêng kamar patilêmanipun para paladèn samandhoripun, sadaya bôngsa Jawi, kamar wau karanipun dipun sêbut kraton dening para Jawi paladèning baita, tumuntên kamar ès, pasimpênan ulam mêntah sangunipun baita, lajêng kamar masin ingkang nglampahakên baita dalah damêl ès tuwin angwontênakên dilah èlèktris, punapadene nginggahakên tuwin ngandhapakên barang momotaning baita. Wiwit kajoganing baita dumugi ing dhasaring lambung, ing ngriku kêbak isi masin, dene larikan ingkang tumèmplèk lambung kiwa lêrês ugi kapetak-petak, nanging pepetakanipun sadaya dados kamar sadhiyanipun para panumpak pangkat 1, namung kasêsêlan kamar kalih, satunggal kamaripun Linnenjuffrouw, nyonyah tukang nampèni barang sêmbêt ingkang kapêthakakên kalihan kamaripun Administrateur, pangagêng kapala ingkang nyêpêng sadaya petang, sarta nguwaosi sakalir ingkang wontên baita, wasana ing ngajêng piyambak taksih wontên kamaripun agêng, ingkang mawi karêngga-rêngga asri, panggenan panêdhanipun para panumpak pangkat 1, ing ngriku wontên mejanipun panjang tigang iji, ingkang kaubêngan kursi gunggung 67 iji. Ing têngah mèpèt gêbyog ngajêng, wontên bênètipun agêng wadhah gêlas, sendhok cukit, [cuki...]

--- 18 ---

[...t,] sapanunggilanipun pirantosing nêdha, ingkang mawi kaukir-ukir sarta ing gêbyok antawisipun candhela-candhela bundêr (mèh sadaya candhela ing baita wangunipun bundêr) mawi kapasangan gambar-gambar ingkang sinêlingan dilah-dilah teplok.

Mênggah undhak-undhakan dhatêng ing panggungan, ôngka 1 kawontênanipun mèh sami kemawon, lumahing kajoganipun panggungan ugi kabage ing margi trobosan kalih, dados tigang larik, larikan ing têngah: pakiwan, jamban, lajêng kamar tutupan, isi masin dumugi ngandhap, wasana ing poncot kapêrnah sanginggiling kamar nêdha, kamar udud, kalihan kamar mungsik, isi piyano satunggal, larikan ingkang mèpèt lambunging baita sisih kiwa têngên, kapetak-petak dados kamar pangkat 1 sadaya, lajuran sininggêt-singgêt ing gêbyog.

Minggah saundhak-undhakan malih saking kajoganing panggungan ôngka 1 ing prênah panjotponcot. ngajêng, ingkang botên kapêtak-pêtak, pêrlu kangge papan mlampah, lajêng dumugi ing panggungan ôngka 2, kawontênanipun ing ngriku namung kamar-kamaripun para opsir-opsir baita dalah jamban tuwin pakiwanipun baita-baita sêkoci 6 iji, ingkang têngah kapering radi ngajêng papan kangge mlampah-mlampahipun [mlampah-...]

--- 19 ---

[...mlampahipun] para panumpak pangkat 1 malih, wasana ing poncot ngajêng sisan, kamaripun kantin kapal, cêlak kamar panggenan pangêrèhipun baita ingkang kawastanan de brug krêtêk.

Ing canthik ngajêng wiwit tiyang ngajêng, wontên papan ingkang ngêdhag-êdhag tanpa payon kados ing canthik wingking, sami ugi kangge nginggahakên tuwin mandhapakên momotaning baita. Mangajêng malih, lajêng pangkat tiga tuwin pangkat sangandhaping kajogan, dene ing pucuk canthik, panggenan ikal-ikalaning rante jangkar, sangandhapipun panggenan tilêm, sarta panêdhanipun para bêbau baita, matroos.

Saking ranjangipun sadhèrèk kula Samarang, baita sêtum punika agêng tuwin tata rakitipun botên sadaya sami, dados beda-beda, ewasamantên manawi bedanipun kapandhing miribipun, mêksa taksih kathah miribipun, pun Wilis punika sami-sami baita Rotêrdham Sêloid, kalêbêt alit piyambak, amargi agêngipun namung 4800 ton (saton punika 1 mètêr kubuk),kubik. ananging lampahipun sae tuwin rikat, pipanipun margi kukus namung satunggal sêkrupipun (wêlah jôntra ingkang nglampahakên baita manggên ing sawingkinging [sa...]

--- 20 ---

[...wingkinging] baita sangajênging kêmudhi) ugi namung satunggal, botên rangkêp kados baita-baita agêng iyasan jaman sapunika.

Sarampungipun kula ningali tata rakiting baita, kula ngaso wontên ing panggungan ôngka 1 pangkat 2. Botên dangu baita tambangan ingkang bêkta para panumpakipun pun Wilis dhatêng nèmplèk ing lambungipun Wilis, kalêrês panggunganipun sipat kalihan kajoganipun Wilis, mila cêkap namung nyaladhangakên wot kemawon, ingkang sami numpak lajêng sagêd urut kacang malembang dhatêng pun Wilis, jujug dhatêng kamaripun piyambak-piyambak, ing baita wêktu punika katingal rame sakêdhap, sak wangsulipun tiyang ingkang ambêkta kopêr, mawi katahan ingkang gadhah barang caruban kalihan punggawa baita ingkang nyambut damêl utawi ningali dhatêngipun para panumpak, anêtêpi bêbasan ulêng-ulêngan nanging botên dangu baita tambang lajêng lumampah ngancas dhatêng panggenan baita agêng sanès, bokmanawi taksih badhe nginggahakên tiyang dhatêng baita wau.

Dumugi jam 9, pun Wilis mêksa dèrèng tata-tata badhe mangkat, kula takekakên kacriyos kaptinipun nampèni sêrat kawat kapurih ngêntosi momotan tèh 1000

--- 21 ---

bal ingkang dhatêngipun mangke siyang, sarêng jam 10, pun Wilis mêksa taksih kompal-kampul ing palabuhan kemawon, ingkang ngêtêrakên kula enggal tata-tata badhe wangsul, kula inggih lajêng ngêtêrakên dumugi undhak-undhakaning ôndha baita ingkang mandhap dhatêng baita motor. Dumugi samantên raosing manah sakeca kemawon, dene kêbak ngraosakên sawangan ingkang katêmbèn kula sumêrêp, ananging sarêng dipun pamiti anak bojo wangsul mantuk, sênut raosing manah, ing salêbêting dhadha kados wontên barang ingkang minggah dhatêng poking gulu, grêg sakêdhèping netra kula mèh kasupèn wêwulanging Jawi, badhe botên kaèngêtan mêdal ing luh, tinuju botên ngantos dumugi samantên, E, nênggak waspa kemawon botên, sarampunging pamit-pinamitan, kula suka tarima kasih dhatêng pangagênging baita motor, dene sampun andhanganakên kula nunuti sakadang warga. Bandhuling baita motor, ingkang kagubêtakên ing undhak-undhakan, katingal katarik malêbêt dhatêng baita, toya sawingkinging baita katingal mumpal mawalikan, nanging kinêbur ing jantraning motor, canthik ngajêng andhangak sawatawis, lajêng plas lampahing baita motor, kados ngiris bulakaning toya, mawi katilar tapak mumpal-mumpal [mumpa...]

--- 22 ---

[...l-mumpal] lir kados botên liya, manawi toya ingkang kasigar ing canthik ngajêng tangkêpatangkêp. malih ing sapêngkêripun.

Dangu anggèn kula ngulatakên lampahing baita motor, ebahing tudhung tuwin topi, punapadene kumitiring kacu-kacu ing tanganipun para kadang warga kula ingkang sami wangsul mantuk, damêl sigaring manah, ngêplêki kados sigaring toya ingkang tinrajang ing baita motor wau sagêd dipun tangkêp malih mawi ebah mawalikan rumiyin, raosipun ing manah sangêt sumêdhot, labêt saking angèngêti badhe pêpisahan, môngka ingkang nilar kalihan ingkang katilar sami ugi sumêrêpipun, bilih ing manah sami gadhah kandhutan raos mêlang-mêlang, dene sami kirang teganipun, ewadene dangu-dangu sarêng lampahing baita motor saya têbih, sipating pasêmonipun para kadang warga kula babar pisan sampun botên kenging kula waspadakakên ingkang kawistara kantun gatra kumlawening bau ingkang asung pamuji raharja dhatêng lampah kula, ebahing manah lajêng sagêd lêrêp malih, kantun gonjing sakêdhik, kados ebahing toya ing tilas prênah panggenan pamèpètipun baita motor dhatêng lambungipun pun Wilis, nalika wau dèrèng mangkat.

Saya bablas lampahipun baita motor tumuju dhatêng dharatan, [dha...]

--- 23 ---

[...ratan,] anggèn kula nyawang, ngantos baita wau kantun gatra wujud mawa kukus mawi apêthit gandera kumitir, salajêngipun kula wangsul dhatêng pangkat kalih, linggihan ing panggungan ôngka 1, ing ngriku sampun kathah panumpak pangkat kalih ingkang sami gagrombolan nyambi ngombe minuman, utawi udud, wontên ingkang nyêle ambethang ing kursi malês, utawi nyalengkrang wontên ing kursi panjang, wontên ingkang mlampah-mlampah wongsal-wangsul, kêmput saujuring panggungan.

Sangking anggèn kula badhe ngisiyaringistiyari. liwunging manah kula katilar ing kulawarga, kula lajêng pados têpangan botên dangu sagêd tumut gêgrombolan, ginêman ngubyungi sawontênipun rêmbag ing ngriku, ingkang botên têbih saking gêgujêngan utawi sêmbranan.

Jam 11 mungêl, klinthing têngaraning nglêmpakakên lare-lare anakipun para numpak pangkat 2, jam 111/2 têngara klinthing malih nanging mungêlipun ing têngah-têngahing baita, pêrlu nglêmpakakên lare-lare, anakipun panumpak pangkat 1, jam 12 têngara klinthing malih ing pangkat 2, kula saprikônca pangkat kalih mapan linggih nêdha sêsarêngan, jam 121/2 dèrèng rampung panêdha kula saprikônca, sampun wontên klinthing malih têngara ngêmpalakên para

--- 24 ---

panumpak pangkat 1, ing kamar nêdha pangkat 1. Mila pangkat 2 karumiyinakên, amargi kangge nyadhangi sampun ngantos wontên ginêm manawi pangkat 2 punika angsal lorodanipun pangkat 1.

Sarampungipun nêdha, mèh sadaya wangsul; dhatêng panggungan, ingkang kathah lajêng ngathang-athang ing kursi malês bêktanipun piyambak-piyambak, wontên ingkang nyambi maos, wontên ingkang ngantuk, wontên ingkang jagongan, anglajêngakên anggènipun têpangan, wontên malih ingkang dèrèng dumugi anggèning ningali ramening palabuhan, kêrêmênên nyawang kesah dhatênging baita agêng alit, sarêng sampun wanci surup srêngenge, mêksa dèrèng wontên kapal katingal ingkang kaajêng-ajêng badhe nginggahakên momotanipun tèh dhatêng pun Wilis, para panumpak sami grênêngan sadaya, dene rumaos sampun kadangon anggèning ngêntosi mangkatipun baita, dèrèng dumugi anggènipun sami grênêngan, katungka ungêling têngara klinthing jam 7, lajêng sami mandhap. Nêdha sêsarêngan malih kados ing nalika siyang, sabibaripun nêdha minggah panggungan, grombolan malih anglajêngakên rêraosan bab dangunipun angkating kapal, ngantos jam 11 wancinipun dilah-dilah ing panggungan kapêjahan, baita taksih kampul-kampul wontên ing palabuhan [palabuha...]

--- 25 ---

[...n] Samarang, para numpak sarêng sampun wanci makatên, sanadyan ingkang sami kapengin sangêt sumêrêp panarikipun jangkar wêktu badhe mangkatipun baita, kapêksa sami mupus narimah botên sumêrêp, lajêng sami lumêbêt dhatêng kamaripun piyambak-piyambak, mapan tilêm.

Enjingipun wanci jam 6½ kula tangi, kraos manawi kamar kula ebah, kula mêdal dhatêng nginguknginguk dhatêng. candhela, toya sawingking baita katingal mumpal-mumpal mawalikan, nandhakakên bilih wilah jôntra mubamubêng. dados baita lumampah. Saking kapengin kula ningali wontên ing panggungan salêbêtipun baita lumampah, kula enggal dandan mawi jas calana pêthak, asêpaton cêmêng tuwin mawi pèt lorèk, rampung lajêng minggah ing panggungan, wontên ing nginggil sumêrêp prikônca pangkat kalih (2) sawatawis, wontên ingkang taksih mawi clana bathik potong mangkok, nanging ingkang kathah mangangge pêthak lèrèk, lorèk galêr biru utawi cêmêng, ingkang kawastanan piyama sarta sêdaya taksih sami canelan kemawon, kula piyambak angsal wangsulan manawi pancènipun ing baita para panumpak dèrèng dandan dumugi jam 9 enjing, nanging salajêngipun dumugi wanci nêdha kêdah mangangge jangkêp, siyang wancinipun tilêm antawisipun jam 2 dumugi jam 5 ugi kenging mangangge

--- 26 ---

piyamah malih, nanging salajêngipun dumugi dalu kêdah mangangge jangkêp malih.

Dumugi ing panggungan, angin bangun angidid, ing keblat kidul katingal pating panjutu kados ginambar ing kêliraning langit, sagantênipun waradin tanpa alun, wontênipun namung ombak alit sangêt saking siliraning angin, botên beda kalihan ombaking tlaga utawi ing rawa. Botên antawis dangu baita kèndêl, labuh jangkar, lajêng katèmplèkan ing baita motor, ingkang bêkta tiyang kalih, badhe numpak ing Wilis, pangkat 1.

Kacariyos labuhipun jangkar pun Wilis samangke punika wontên ing palabuhan Pakalongan, mangkatipun saking Samarang, wau enjing wanci jam 3 sarampungipun nampèni momotan ingkang kasêbut ing sêrat kawat, dados salêbêtipun para panumpak taksih eca tilêman kapati sadaya.

Kawontênanipun ing palabuhan Pakalongan, sami ugi kados ing palabuhan pasisir lèr, baita-baita agêng botên sagêd labuh jangkar cêlak-cêlak sangêt kalihan dharatan, amargi gisikanipun malèrèt, sitinipun pasir sarta lumêbêtipun dhatêng ing sagantên sakalangkung [sakalang...]

--- 27 ---

[...kung] mayat, mila ing pinggir cêthèk sangêt, sanadyan ing têngah-têngahing palabuhan pisan, ugi taksih kathah papanipun ingkang cèngèk,cêthèk. botên kenging kaambah baita agêng.

Kèndêl sawatawis lajêng wontên baita momotan dhatêng, sasampunipun baita wau tumèmplèk ing lambunging pun Wilis ingkang prênah wingking, balabag-balabag tutuping baita momotan wau ingkang saestha payon, nutupi momotanipun, lajêng kabikakan, dèrèng ngantos rampung pambikakipun, kajêng giligan ingkang lampahipun sarana kakiyatanipun masin, sampun tumiyung mawi nglèwèrakên dhadhung, pucuking dhadhung lajêng kacandhak pambêlahing baita momotan, salajêngipun kagubêtakên ing pêthi ingkang badhe kainggahakên ing baita. Sawêg kemawon dhadhung kasingsêtakên, griyêng, pêthi sampun kaangkat ing kajêng giligan wau, gumandhul sanginggiling baita momotan, salajêngipun kabêkta mingêr mubêng watawis sapratiganing jôngka, kajêng giligan manglung mangandhap sawatawis, pêthi kaangkat, sampun sumèlèh piyambak ing salêbêting baita, kalêrês dhasaring bolongan agêng pasagi, ingkang wontên ing têngah-têngahipun papan mênga (Kuildek) sawingkingipun tiyang wingking, minggah lampahing [lampah...]

--- 28 ---

[...ing] kajêng giligan, ingkang ngangkati barang wau, sampun tanpa kèndêl, sabên mingêr tumiyung manglung ing sajawining lambung kapal, sakêdhap netra sampun angsal barang, ingangkat griyêng, kabêta mingêr malêbêt dhatêng bolonganing jogan kapal, barang sampun sumèlèh salêbêting baita, lajêng tinata jèntrèk-jèntrèk katumpukan dening para bêbau kapal, salêbêtipun ngêlih momotan wau, sampun mèh botên mirêng suwantênipun tiyang, dene ramening swantênipun masin ingkang nglampahakên palang pangangkat barang wau botên wontên malih, kajawi namung èjèg-èjèg-èjèg-glèk, têrusan ngantos anyêpêtakên pamirêng, untung dene botên dangu, namung watawis satêngah jam sampun rampung pangangkatipun sadaya pêthi, kuping mantun kabrêbêgên ing swantêning masin, gêdêring bêbau ingkang sami nata pêthi-pêthi momotan, sampun sirêp, baita momotan lajêng wiwit wal saking lambunging kapal, kumampul lunjuk-lunjuk dening kènthèngên, saking kecalan boboting momotanipun, wasana baita momotan wau lajêng katarik ing baita motor sarana dhadhung panjang kados nalika sawêg dhatêng, kabêkta wangsul malih dhatêng kitha Pakalongan.

Pun Wilis ingkang sadangunipun nampèni momotan, mandhêg [ma...]

--- 29 ---

[...ndhêg] ginondhelan ing jangkaripun, ing mangke lajêng ebah saking ubênging wilah jantranipun, sawêwêngkoning pangkat kalih saking ngandhap dumugi nginggil gêtêr sadaya, toya sawingkinging baita ebah mawalikan, katingal ngantos pêthak mabluk saking sêruning pangêburipun wêlah jôntra. Tut, tut, têngara mangkat, nywabawa anggalur sawatawis sacêlaking pipa, jangkar sampun tinarik wangsul, gumantung tumèmplèk ing canthik ngajêng, swantênipun masin dhug-dhug-dhug, tambah nanging ajêg, kraos-kraos baita sampun lumampah, namung saking ebahing pathokaning sêsawanganipun pandêlêng ingkang angsal dharatan ing PakalongaPakalongan. tanpa gonjing sakêdhik, prasasat milir wontên ing lèpèn, samantên anglêring lampahipun baita.

Nitik enggaling oncatipun pathokaning pasawangan ing dharatan, tumuntênipun dharatan katingal kulawu lamat-lamat, lampahing baita punika botên rindhik, ananging kula rumaos botên sagêd damêl pêpandhinganing lampah kalihan barang têtumpakan ing dharatan, jêr wontên ing sagantên sacêlaking baita botên wontên ancêr-ancêraning pandêlêng ingkang anjêjêr kenging kangge andugi-dugi rikating lampah kados ing dharatan.

Nilar palabuhan Pakalongan, wiyaripun pandulu

--- 30 ---

ingkang mangidul, saking wetan mangilèn, muput kinêmput ing gamênging dharatan, pasisiring nuswa Jawi, pulo ênggyan kalairan tuwin padunungan kula sabôngsa, ingkang misuwur saindênging rat raya nuswa loh jinawi, gêmah aripah tanah arja, pinunjuling apapak ing sanuswantara Indiya purwa, pramila ngantos ingupamèkakên manik têtungguling oncèn-oncèn mutyara, ingkang ngawêngi garis sabuking jagad, môngka rêrêngganing makutha karajan tanah lêdhok, inggih praja ing Nêdêrlan, sap-sapan mawarni-warni ulês biru, biruning langit ingkang gadhah mêlês, tinugêl ing biruning dharatan ingkang rêmêng-rêmêng sêmu rêgêd. Sinôngga ing biruning toya sagantên, ingkang miring dhatêng ijêm sêpuh, punika sadaya amahanani raos anglêsing manah, anglês ingkang gumiwang dhatêng ascarya, babêktanipun manah rudatin saking angraosakên badhe anilar tanah, siti, kitha tuwin kulawarga ingkang sangêt kula trêsnani, ingkang carub wor kalihan gênging pangajêng-ajêng, badhe anyumêrêpi kawontênaning karajan ingkang alit nanging prakosa dibya nung, ngantos kuwawa amêngku jajahan, ingkang tikêl sèkêt wiyaring cêngkalipun, ambawahakên kawula ingkang tikêl pitu kathahing cacah jiwanipun.

Wiwit saking palabuhan Pakalongan, lampahipun [lampahipu...]

--- 31 ---

[...n] pun Wilis lajêng mancas ujung Endramayu, pathuk bawahing tanah Cirêbon ingkang sisih lèr wetan, amargi kapinujon botên pêrlu ngampiri momotan dhatêng Têgal utawi Cirêbon, kados ingkang sampun dados padatanipun baita gadhahanipun Rotêrdham Sêloid, mila ing mangke lampahipun pun Wilis botên turut pinggiring pasisir, lajêng bablas mangalèr ngilèn kemawon, ngambah lautan sagantên lèr, ingkang kasêbut nama sagantên Jawi ing sadaya gambar jagad, wontên ing margi nilar palabuhan Pakalongan dèrèng ngantos têbih, pucuking rêdi Slamêt, ingkang wontên têngah-têngahing watês Pakalongan kalihan Banyumas, sarta kenging kawastanan manggèn ing têngah-têngahipun nuswa Jawi, (mila ing dêdongèngan Jawi inggih kasêbut paku, ingkang môngka ancêripun tanah Jawi) katingal ngegla, mênju, malela angijèni, kados nêdha dipun èngêti dhatêng ingkang sami layaran nilar tanah Jawi. Jêgrêg kados anyangon-nyangonana basuki dhatêng ingkang sami kesah gadhah lampah, kosokwangsulipun, dhatêng ingkang sami nêdya dagang layar angajawi kadosangajawi kados. asuka pambagya raharja ing basukining lampahipun, ing prênah sukuning Slamêt ingkang mayat mangilèn, galêring dharatan ramyang-ramyang katawur ulêsing langit tuwin sagantên, saya ngilèn saya ical,

--- 32 ---

ingkang mayat mangetan katingal wontên manthingilipun sawatawis, wontên ingkang kados katata wiwilahan, wontên ingkang dhêdhêsêkan, bokmanawi punika pucuking rêdi Sindara Sumbing, tuwin Diyèng, ingkang dados ancêr kodrat matêsi tanah Kêdhu kalihan Sêmarang, Pakalongan tuwin Banyumas, saya manêngah saya lamat-lamat sipating dharatan, ngantos ical babar pisan, ingkang kawistara kantun galêr watês tangkêbing gagana lan jaladri, mubêng têmu gêlang, sabaweraning pangaksi, isinipun namung toya lan akasa, ingkang toya lètèr kados sinipat, ingkang akasa ambawêng malênthuk kados tutup tenong ingkang kinurêbakên nangkêp lumahing jalanidi. Pun Wilis kampul-kampul wontên satêngahing bundêran, sêpintên rikating lampahipun sanityasa dados ancêring buwêngan, pratôndha sanyata piwulanging ngèlmu kodrat, bilih wujuding jagad punika bundêr mimis, akasa punika awang-awang ingkang tanpa watês tanpa têpi, isi surya côndra lan kartika tanpa wilangan.

Wanci siyang watawis jam 2 ujung Endramayu katingal sakêdhap, anjulèrèh ing keblatipun wontên, lampahing baita lajêng mangilèn jêjêg, menggok mangalèr sarêng sampun nglangkungi ujung Krawang watawis jam 5 sontên, salajêngipun ngancas jujug cangalapingcalangaping. palabuhan iyasan ing

--- 33 ---

Tanjung Priyuk.§ Palabuhan iyasan ing Tanjung Priyuk punika wujudipun satunggal, nanging kapilah nama kalih, inggih punika palabuhan ngajêng (buitenhaven) kalihan palabuhan wingking (binnenhaven), palabuhan ngajêng punika ingkang winêngku ing tatanggulan sela wangun sai.

Sajawining palabuhan iyasan, baita layar alit-alit sami ambabar layar, rikating lampahipun kados warastra ingkang lumêpas saking langkap, salêbêting pabuhan baita agêng-agêng pating jênggêlêg, sami ajêjambul kukus, sinawang saking mandrawa kados kumêndhênging dupa arsi,Rêsi. ingkang sawêg mumuja.

--- 34 ---

Mênggah wujuding palabuhan iyasan ing Tanjung Priyuk punika pasagi ambanon, ingkang manglojok dhatêng sagantên mawi kawêngku ing tanggulan sela tumpuk kalih lajur, saistha sunguting kalabang, môngka pêpagêr sampun ngantos palabuhan sagêd walêd, dening kalêbêtan pasir saking sagantên, dene margining baita sagêdipun lumêbêt ing palabuhan inggih mêdal ing antawisipun badhe gathukipun têtanggulan sela, ingkang saistha sunguting kalabang wau, (ingkang ingupakara tanpa pot) murih sagêdipun ajêg lêbêtipun, sampun ngantos ngandhasakên baita agêng-agêng, ingkang badhe lumêbêt ing palabuhan.

Pun Wilis saya cêlak kalihan palabuhan iyasan, saya kêndho lampahipun, ngantos upami tiyang, kêthimik-kêthimik, labêt saking gunging kuwatos bokmanawi kasandhung. Samantên pangarahipun juru pangrèhing baita, manawi badhe nglêbêtakên baitanipun dhatêng calangapanipun palabuhan Tanjung Priyuk, ing môngka kêmudhining Wilis, ingkang nyêpêng sampun juru kêmudhi punggawa ing Tanjung Priyuk (loods) ingkang mêthukakên dhatêngipun Wilis ing jawining palabuhan sawatawis têbih, dados saupami tanpa juru kêmudhi wau, kintên kula sampun botên wontên baita agêng purun lumêbêt ing palabuhan. dening kuwatos [kuwato...]

--- 35 ---

[...s] manawi kandhas, kapara sarêng kula pitakèn bab punika, trangipun sadhengah baita agêng botên kenging lumêbêt ing palabuhan Tanjung Priyuk, manawi kêmudhinipun botên kacêpêng dening juru kêmudi punggawa palabuhan, samantên kêncênging pranatan palabuhan, murih botên wontên sambekala, ingkang bokmanawi sagêd damêl ribêding lampahipun dagang layar ingTanjung Priyuk, sumarambahipun dhatêng kitha Batawi sumawana dhatêng kitha agêng talatah Jawi Kilèn.

Pun Wilis ajêg taksih kumukus kumêndhêng, nanging prasasat tanpa nywabawa, anggèning nyêlaki calangapaning palabuhan, sasampunipun lumêbêt ing calangap, lampahipun megos sakêdhik ngèncèng manêngên, lajêng anglêrês dhatêng têngah-têngahing palabuhan, mêdal ing margi ingkang sakiwa têngênipun sinipat ing ancêr-ancêr plênthuk tosan kaêcèt abrit, cumancang rante angsal dhasaring palabuhan, pating karampul jèjèr-jèjèr, mantêsimatêsi. prênahing palabuhan, ingkang katamtokakên dados margining baita agêng, turut pinggiring palabuhan ingkang têmbing kilèn, prênah panggenanipun gudhang-gudhang wadhah barang momotan baita, rantak-rantak pamanggènipun baita agêng, sami malang tumèmplèk ing pinggir, wontên ingkang nginggahakên momotan, wontên ingkang ngandhapakên sawênèh

--- 36 ---

tata-tata badhe mangkat, katôndha saking ungêling sêmpritan baungan, ingkang nyêntak kaping kalih namung mawi antawis sakêdhap, sawênèh sawêg mingêr mangangkah-angkah kados ngupados sakecanipun, anggèning badhe mapan nyêlani panunggilanipun baita, ingkang sampun sakeca pamanggènipun, mèpèt baturing palabuhan.

Ulêsing baita agêng-agêng manca warni, ngungkuli ingkang sampun kula sumêrêpi ing Sêmarang, sabab ing ngriku kawontênanipun baita agêng langkung kathah sanadyan lambungipun sadaya baita agêng pulasipun racak kulawu rêgêd sadaya ananging mêksa botên sami, wontên ingkang kulawu biru, wontên ingkang kulawu kêthèl, langkung malih ulêsing pêpanggunganipun, punapadene pipa-pipanipun, wontên ingkang pêthak, katingal rêsik gumrining, mawi pipa sinêsêr tundha cêmêng, wontên ingkang jêne anêmugiring, mawi pipa lugasan, sadaya botên wontên ingkang kantun, sami ambèbèr gandera pasagi miwah maju tiga, ulês warni-warni, manut ganderaning nagari, utawi Matsêkapei, wontên ingkang mawi gambar makutha raja, wontên ingkang namung mawi sastra ngadêg utawi bêbulêtan.

Dumugi panggenan ingkang sipat lowahan, sadhiyanipun [sadhiyanipu...]

--- 37 ---

[...n] pun Wilis tumèmplèkipun ing batur imbaning palabuhan, pun Wilis lajêng mingêr, mêdal saking margi ingkang ingancêr-ancêran palênthuk tosan, salajêngipun pun Wilis pinêthukakên ing baita alit, ingkang nampèni pucuking dhadhung kingkangingkang. dhinawahakên saking Wilis, minggir tamban-tambanan, nuntên minggir suprih mèpètipun batur ngiras tanggul tampingipun palabuhan, dhadhung ingkang tinampenan ing baita alit, sasampunipun kabêkta minggah ing dharatan, sarta ginubêdakên ing pathok tosan, canthik ngajêng punapadene canthik wingking sampun sami cinancang sakalih-kalihipun, masin lajêng kakèndêlakên, baita tanpa ebah tumèmplèk ing batur, lajêng sinendhenan ing balabag kandêl, ingkang mawi kasênthêng palang kajêng tipis cêlak cêlak, minôngka wot satêngah inggih ôndha, kangge mandhapipun para panumpak, wot wau sumèlèhipun angsal kajoganing baita, kaprênah ing lowahan tatampingan baita, ingkang namung kaêngakakên sabên baita sagêd tumèmplèk ing batur palabuhan iyasan, sabab inggilipun batur sampun kadamêl sipat kalihan kajoganing baita.

Nalika samantên wanci jam 7, srêngenge sampun surup nalika pun Wilis wontên sangajênging calangap palabuhan,

--- 38 ---

ewasamantên mêksa taksih sawatawis pajar, kenging kawastanan sawêg saput siti, dilah-dilah turut pinggiring palabuhan, sangajênging gudhang, sadaya sampun sinulêdan, nanging dèrèng gadhah sorot sumunar, bawanipun taksih kasulakan pajaring ngantariksa.

Sawêg kemawon balabag uwot sumèlèh ing kajoganing baita, sampun lajêng anggili lampahipun para numpak, sami mandhap, awit sadaya sampun kadangon anggèning sami ngantu-antu, ngêntosi kengingipun dhatêng ing dharat, dhêsêk-dhêsêkan mandhapipun sami rêbut rumiyin, nanging mêksa botên ngantos uyêl-uyêlan, amargi ingkang kasêsa tinimbang ingkang sabar, mêksa kathah ingkang sabar, mèh sadaya para panumpak ingkang mandhap, gadhah cangkingan gêrdhu alit agêng, andilirandalidir. lampahipun nuju dhatêng gêdhong pabeyan sadaya, pêrlu mariksakakên babêktanipun, wontên ingkang lêrês dados awisaning nagari, punapa botên, utawi kalêrês kêdah mawi ambayar beya punapa botên, babêktan ingkang dados awisaning nagari, punika kados ta: apyun, dene ingkang kalêrês kenging ing beya, punika mèh sadaya barang dagangan ingkang asli saking mônca.

Sadaya para panumpak botên wontên ingkang kantun ing

--- 39 ---

baita, amargi kaptin pangagênging baita botên sagêd anglilani, mila sarèhning kèndêlipun baita ing Batawi tigang dintên, dados sadaya panumpak mandhapipun sami ambêkta gêrdhu isi sandhangan, kangge santun salêbêtipun wontên ing kitha Batawi.

Wontên ing gêdhong pabeyan, babêktanipun ingkang sami mandhap, kapriksa dening punggawa pabeyan botên mawi kasatitèkakên sangêt, jalaran kakintên sampun tamtu botên isi ingkang dados awisaning nagari, punapadene barang dagangan, sabibaripun kapriksa, gêrdhu-gêrdhu lajêng kenging katangkêbakên malih, ing jawinipun lajêng kacirènan mawi kapur, tôndha manawi sampun kapriksa, mila sarêng mêdal saking gêdhong pabeyan, namung kaandhêg sakêdhap dening punggawa pabeyan, ingkang ngaglah ing satêngahing margi dhatêng ing sêtasiun sêpur, sabên sampun kanyatakakên, bilih gêrdhu sampun wontên cirinipun, lajêng kenging kabêkta lajêng.

Dumugi ing sêtasiun sêpur, rampung tumbas karcis, sadaya lajêng numpak ing gêrbong sêpur, sasumêrêp kula ingkang kathah sami numpak sêpur ingkang dhatêng Wèltêpredên, inggih punika Batawi Têngah, ingkang numpak sêpur dhatêng Batawi kitha lami, inggih punika kitha Batawi sisih lèr, ingkang [ing...]

--- 40 ---

[...kang] ngongkang sagantên, mangku palabuhan lami, karan Kitha Intên, prasasat botên wontên, ingkang manggèn gêgriya ing ngriku, pêrlu ngoncati bêntèring hawa siti pasisir, kawontênanipun ing kitha lami samangke, dados beda sangêt kalihan watawis kalihatusan taun ingkang kapêngkêr, rumiyin nalika taksih jaman rêsah, para Landi dumunungipun sami ngrompol, kinupêng ing baluwarti, cêlak kalihan bêbiting, sarêng jamanipun mindhak rêja, lajêng sami nyingkiri bêntèring hawa pasisir, purun manggèn sawatawis têbih saking bêbiting, inggih punika ingkang samangke dados Batawi Kitha têngah, kanamakakên dening ingkang cikal bakal Weltevreden têgêsipun raosing manah sampun narimah, wêwahing panguwaosipun bôngsa Walandi wontên ing tanah Jawi, nambahi dhatêng kakêndêlanipun, lajêng purun sami dêdunung ing Bogor, sacêlaking tilas Karaton Pajajaran, botên ngêmungakên ngoncati hawaning pasisir kemawon, nanging lajêng ambujêng hawa asrêp, ingkang mirib hawaning sitinipun, Ing ngriku lajêng kakanamakênkanamakakên. Buitenzorg. Têgêsipun, luwar saking rêribêt, nanging lugunipun ingkang kanamakakên Buitenzorg. Punika ing sakawit namung pasanggrahanipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, mirid saking

--- 41 ---

manawi nuju masanggrahan ing ngriku, luwar saking anggalih awrating padamêlan nagari, sarêng pasanggrahan wau dipun dalêmi Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, dados dalêm, kitha Bogor lajêng katukaran Buitenzorg.

Anglajêngakên cariyos kula bab kawontênanipun ing Batawi kitha lami, griya gêdhong agêng-agêng kathah sangêt, nanging botên wontên ingkang dipun griyani Walandi hartawan, gudhang-gudhang bêbanjêngan, isinipun barang-barang momotan baita alit-alit, ingkang taksih lêstantun ngangge margi palabuhan lami, dados minôngka papan patandhon barang ingkang mandhap saking baita alit-alit, utawi badhe kainggahakên dhatêng baita alit-alit wau. Gêdhong agêng-agêng kantoripun pakêmpalan among dagang warni-warni therek-therek wontên saurutipun margi ingkang dhatêng palabuhan, toko-toko gadhahanipun bôngsa Cina, kutawiutawi. bôngsa Arab, pipitan angapit-apit radinan, saurutipun lèpèn Ciliwung, ingkang ambêlah kitha Batawi dados kalih bagiyan, wetan kalihan kilèn, tinanggul paplêstèran mawi tinamping ing hèk tosan, wiwit saking kitha Intên minggah dumugi ing Wèltêprèdên, sakiwa têngêning margi agêng kêkalih, ingkang ngapit-apit lèpèn wau, jêjêl apipit griya-griya [griya-gri...]

--- 42 ---

[...ya] tuwin toko-toko, kampung pacinan tuwin pakojanipun kitha ing Batawi, watawis wontên tigang pal panjangipun, pramila botên patosa ramenipun ing ngriku, ing wêktu siyang sêtum trèm sabên sadasa mênut langkung narik grêbong tiga sêkawan kêbak tiyang, têtumpakan oto, kreta, pit motor, pit limrah, grobag momotan barang, lampahipun sadintên muput tanpa pot, têtiyang ingkang nyambut damêl bêbêrah, bêbasan ulêng-ulêngan, langkung malih manawi wanci jam 8 enjing mangsanipun ingkang nyambut damêl kantoran kêdah tumapak ing padamêlan, utawi jam 5 sontên, mangsanipun kantor-kantor katutup, kawontênanipun sami kalihan pêkên tumawon, margi tiyangipun manawi enjing dhatêng kitha Intên, manawi sontên dhatêng Wèltêptèdên, kosokwangsulipun, manawi ing wanci dalu ing ngriku sêpi sarta kirang pajar, jalaran ingkang lumampah ing radinan, kantun tiyang ingkang pancèn gêgriyaing ngriku, beda kalihan Wèltêptèdên, nadyan kawontênanipun griya-griya kirang pipit, jêr kathah ingkang agêng-agêng mawi kinubêng ing tamanan, nanging ing wanci dalu pajaripun nglangkungi, ing radinan rame sangêt, kathah tiyang ingkang langkung, lumampah utawi nênumpak, racakipun sadaya sami nêdya ambujêng kabingahan, among suka sakadaripun piyambak-piyambak, [piyamba...]

--- 43 ---

[...k-piyambak,] punika mênggah sababipun para panumpaking Wilis mèh sadaya dhatêng Wèltêptèdên

Botên kula cariyosakên panjang, kandhêg kula ing kitha Batawi ngantos tigang dintên, digangtigang. dalu, saking pamanggih kula kirang pêrlu, amargi wiwit ing tanah Jawi wontên èksêprès, Batawi punika kenging kapetang dados langkung cakêt saking pundi-pundi poncoting tanah Jawi, mila sintên ingkang purun marlokakên badhe sumêrêp, samangke sampun botên pêrlu wang-awangên, dhatêng danguning lampah. Mênggah kathahing prabeya, samangke ugi botên pêrlu dipun ajrihi, jêr sudanipun sampun kathah sangêt, lêrês katimbang kalihan kitha-kitha agêng ing satanah Jawi, Batawi punika kenging kawantanankawastanan. nyalênèh piyambak, dene tiyangipun ing ngriku bôngsa Malayu sarta sapriki taksih ngangge basanipun piyambak, sanadyan sampun pintên-pintên atus taun pamanggènipun ing tanah Jawi, sarta turun-maturun inggih carub wor kalihan tiyang siti ing ngriku, ananging kawontênanipun kitha, bedanipun kalihan sanès-sanèsipun kitha agêng ing tanah Jawi, mêksa botên kathah wontên ing gagasan, kawontênanipun griya-griya nagari, gêdhong-gêdhong, loji-loji, pacinan tuwin pakojan katikêlakên cacah, sae sarta

--- 44 ---

agêngipun, pakampungan Jawi katikêlakên wiyar sarta riyêlipun, sadhengah tiyang Jawi sagêd angwujudakên ing gagasanipun, mênggah agêng saha rêjanipun kitha Batawi, awit saking punika kula namung badhe nyariosakên bab panganggenipun têtiyang ing Batawi, ingkang pancèn kathah bedanipun kalihan panganggenipun bôngsa Jawi tulèn, para èstri racakipun sami mangangge rasukan sêmbagi panjang, ingkang tamtu dhasaripun pêthak, corèkipun lorèk utawi mawi sasêkaran agêng-agêng, ulês warni-warni sasênêngipun piyambak-piyambak, mratahipun sami agêlangan, atindhik cêplik, tuwin apanitèn dhadha susun tiga ing prênah gathubkinggathuking. sampir rasukan, caranipun tapihan tuwin kêmbênan botên wontên, nanging sami sarungan tanpa kêmbênan, gêlungipun kondhe inggil, sarta kala-kala nanging kapetang awis, asring wontên ingkang mawi mêkênamukêna. ngangrangan, mupuk ing êmbun-êmbunan mawi pinêthêt ing prênah unyêng-ungayêngn,unyêng-unyêngan. tirahanipun dados koncer, kumlèwèr dhawah ing gêgêr, nutupi kondhe ingkang ginêlung kêkêndhon sawatawis andhap, jalêripun sami maratah sami rasukan jas tuwin calana pêthak, kados cara Walandi, nanging wêwah mawi asabuk sarung, ingkang linêmpit tangkêp kalih, mila sagêd katingal sanginggiling dhêngkul, udhêng-udhênganipun [udhêng-udhêng...]

--- 45 ---

[...anipun] papakan utawi balangan, kados ingkang limrah cara Batawèn, nanging ugi kathah ingkang namung mawi kêthu gêpak kemawon, cara tiyang Malayu tulèn, priyantunipun mangke sadaya cara Walandi, nanging sanadyan sampun gundhul, taksih sami udhêng-udhêngan, tur taksih mawi mondholan, awit para priyantun botên ngêmungakên sakitha Batawi kemawon, nanging dalah ing dhusun-dhusun mèh sadaya asli saking Jawi Kilèn kapetang botên wontên, dene ingkang asli saking Batawi piyambak, botên wontên babar pisan, kintên-kintên sababipun makatên, tiyang Malayu pancèn botên rêmên dhatêng darajat kapriyayèn.

Kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, wontênipun kula manah kirang pêrlu kajalèntrèhakên sadaya ingkang kula sumêrêpi wontên ing kitha Batawi, sabab samangke sampun saya kathah gambar-gambar kawontênipunkawontênanipun. kitha Batawi, ingkang sumêbar wontên ing tanah Jawi, kados ta: gampilanipun kemawon, sintên ta ingkang dèrèng nate sumêrêp dhatêng gambar ngasêtotêr damêlan nagari Walandi. Dalêmipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, manawi nuju rawuh ing Batawi, (Palêis van Rijswijk) gapura gung watawis kitha lami ingkang ingapit-apit gupala prunggu, saistha [sa...]

--- 46 ---

[...istha] prajurit jaman, Us Indhisê Kompêni, lèpèn Ciliwung, alun-alun Watêrlo kathah panunggilanipun, sampun sami kacêtha ing gambar wau sadaya.

Ing mangke kula namung badhe nyariosakên, mênggah kawontênanipun kitha Batawi, ingkang padatanipun kapêrlokakên dipun tingali dening têtiyang ngamanca, inggih punika:

1. Gêdhong isi barang kina (gebouw van het Bataviaasch Genootschap van kunsten en Wetenschappen) karanipun miseyum,museum. nanging tiyang ing Batawi piyambak mastani gêdhong gajah. Mila kawastanan makatên, sabab ing sangajênging gêdhong wontên rêcanipun dipongga têmbaga ngadêg wontên ing bancik inggil, rumiyin kintunan saking Sri Maharaja ing Siyêm, dene pinahargya sae, nalika rawuh sapisan ing tanah Jawi, ing taun Mêsèi 1871, gêdhong wau manggènipun wontên ing Wèltêptèdên, ngadhêpakên alun-alun raja (Koningsplêin) mênggah isinipun, barang-barang kina, kados ta: rêca-rêca, sela-sela ingkang mawa sêratan Buda, barang-barang pangangge kina tuwin ingkang taksih kangge ing jaman punika ingkang atos, jêne sela, punapadene barang tênunan utawi sêmbêt, kados ta: jamang,

--- 47 ---

topong, kalung, gêlang, kêlat bau, sapanunggilanipun sinjang, sarung, dodot, slendhang, rimong, sasaminipun, sadaya aslinipun saking tanah-tanah ingkang kalêbêt wêwêngkonipun talatah Nuswantara (Insulindê) kajawi punika warnining dadamêl, salwiring pirantos kalangên pêpak sadaya, kados ta: dhuwung, sabêt, tamèng, towok, lawung, jêmparing, gôngsa, ringgit, kakathahên manawi kula cacahna sadaya, cêkakipun samukawis ingkang kina, adi utawi aèng, wêdalan ing Nuswantara Indiya Wetan, kathah sangêt ingkang sumimpên ing ngriku, wiwit barang ingkang prasasat tanpa aji, dumugi sêsotya ingkang agêngipun sakalungsu-kalungsu.

2. Kyai Sêtama, mariyêm prunggu ingkang sampun gumuling siti, wontên sapinggiring margi, cêlak gapura gung ingkang wontên ing margi dhatêng kitha Intên, kacariyos ing kinanipun, Kyai Sêtama wau sisihanipun Nyai Sêtomi, ingkang sapunikanipun taksih karawatan ing karaton Surakarta Hadiningrat, kaprênahakên ing maligèn kaca têngah-têngahing siti bêntar, mawi ginubah lawon pêthak, linuruban ing cindhe puspita. Miturut ujaring kaol, Nyai Sêtomi wau sabên ing dintên malang, Jumungah tuwin anggara kasih ngêdalakên êluh, saking anggènipun [ang...]

--- 48 ---

[...gènipun] ngraosakên pisahipun kalihan ingkang jalêr Kyai Sêtama, amangsuli Kyai Sêtama. Mênggah wujudipun limrah kados sanès-sanèsipun mariyêm, namung kaot sawatawis agêng, panjangipun watawis wontên kalih dhêpa, agêngipun ing bongkot watawis saprangkulan, namung wontên anèhipun sakêdhik, dening ing pungkasaning bongkot mawi pênthol, ingkang kaistha tangan anggêgêm, pucuking jêmpolan katingal mêdal sumêsêl antawisipun panuding kalihan dariji panunggul, sarta sawingkinging bolongan sumêdan ucêng-ucêng wontên cirènipun sastra ing têmbung Portigês,Portêgis. Kyai Sêtama wau karanipun wontên ing Batawi Kyai Jagur, sapunikanipun dening para kaduk ing piyandêl, kaanggêp pêpundhèn ingkang kapengin gadhah tuwuh, mila ing sabên dintên malang, botên wontên potipun, tamtu wontên ingkang kêkutug dêdupa tuwin nyajèni sêkar konyoh (kêmbang borèh) wontên ing ngriku, sumêrêp nyênyuwun utawi ngluwari patêmbayan.

3. Karamatanipun Sayid Odrus, tiyang alim saking nagari ing Arab gurunipun Kyai Gabud ingkang kuburipun sapriki dados panêpèn agêng, wontên ing kitha Surakarta, karan pakuburan ing gagudan, miturut namanipun [nama...]

--- 49 ---

[...nipun] kyai wau ingkang rumiyin piyambak pinêtak ing ngriku. Sayid Odrus nalika gêsangipun sapriki sampun wontên kiwa têngênipun satus taun, pinundhi-pundhi sangêt dening têtiyang Batawi, jalaran saking agênging karamatipun, mila sarêng tilar donya, ngantos kinubur ing salêbêting masjid ingkang wontên swamipaning palabuhan kitha Intên, ingkang sami mundhi-mundhi, sêdyanipun taksih sami nglêstantunakên pangaji-ajinipun, mila karamatan lajêng cinungkup adi, mawi ginubah-gubah ing sutra pêthak, sapriki dados pasadranan sarta panadaran ingkang saklangkung agêng.

4. Griya gêdhong agêng kagunganipun nagari (Stadhuis) kawastanan rumah bicarah, iyasan nalika taun 1707. Pambabaripun ing taun 1710. Rumiyin nalika jaman Kumpêni kangge parêpatanipun College van schepenen samangke kangge kantor karesidhenan, mênggah manggènipun griya wau ing kitha lami, mangku alun-alun sawatawis wiyar, nama alun-alun kantor bicarah.

5. Rêca Leyo ingkang ngadêg sanginggiling saka inggil, wontên têngah-têngahing alun-alun, Waterloo, ing kitha Batawi Têngah (Weltevreden) wontênipun rêca wau kaprênahakên ing ngriku wiwit nalika taun 1828. Prêlunipun [Prêlunipu...]

--- 50 ---

[...n] kangge pangèngêt-èngêt dhatêng prang agêng 1813. Risakipun wadyabala Pranês ingkang tinindhihan pribadi dening Prabu Napoleyun Bonapartê I lêbur dening barisanipun pintên-pintên nagari ingkang sami ngêbut dhatêng nagari Pranês, wontên ing sacêlakipun dhusun Watêrlo, ing tanah Bèlgi awit saking punika alun-alun dunungipun tôndha pangèngêt-èngêt wau, lajêng kanamakakên Waterlooplein.

6. Rêcanipun Jan Pieterszoon Coên Gupêrnur Jendral ingkang cikal bakal ngêlar panguwaosipun bôngsa Walandi wontên ing Nuswantara. Manggènipun rêca wau ugi wontên ing alun-alun Watêrloo, nanging kaprênah pinggir ngungkurakên gêdhong agêng, iyasanipun Gupêrnur Jendral Dhandhêlês nalika taun 1809 calon badhe kagêm dalêm (Paleis) wasana wande, lajêng kangge kantor pametangipun arta nagari. Gêdhong wau agêng sangêt, mawi panggungan sap kalih, ngantos nyilêpakên agênging rêca, mênggah sêrêping rêca punika môngka tôndha pangaji-aji dhatêng ingkang rinêca, dene anggènipun ngadani ngadêgakên wontên ing ngriku, nalika tanggal kaping 29 Mèi 1869 amarêngi pasamuan agêng ngèngêti umuripun kitha Batawi sampun saprapating windu agêng (250 taun).

--- 51 ---

Ingkang kasêbut ing nginggil wau kula botên mêrlokakên ningali, amargi nalika dhatêng ing Batawi ingkang rumiyin, kula sampun ningali sadaya, awit saking punika samangke kula namung mêrlokakên mubêng-mubêng ing kitha kemawon, nyatakakên wontênipun pawartos bilih kitha Batawi rêjanipun saya sangêt, ngêlaripun saya kathah, pinanggihing manah kula, pawartos wau pancèn yêktos, kathah sangêt griya-griya ingkang tabêtipun kawistara bilih mêntas kabangun, langkung malih griya-griya ingkang cêtha bilih iyasan enggal, nêmbe kemawon kababar, kados ta: ing tanah Kondhang Dhiyah, sakampung agêng griya-griyanipun taksih enggal-enggal sadaya, kapara kathah ingkang dèrèng rampung panggarapipun, bakuning wêwangunanipun griya-griya ing ngriku wau sami sadaya, nanging dhapuring wêwujudanipun, satunggal lan satunggilipun griya beda-beda, dening sanès-sanèsipun cacongkokanipun, radinanipun ing ngriku wiyar sangêt, ing pinggir mawi kabatur kangge mapan margi tiyang (trottair) sabên antawis kintên-kintên satus tindak wontên adêg-adêgipun sanggan ting radinan, sadaya griya-griya ing ngriku manawi botên mangku patamanan, inggih kapara kinupêng ing patamanan, mila satunggal-satunggalipun sagêd malela, kasawang saking katêbihan pilah-pilah kados sami [sa...]

--- 52 ---

[...mi] rêbut katingal sae, wontên ingkang sajak mamèrakên bagusing wêwangunaning payonipun, wontên ingkang sajak ngungasakên dumêlinging pulasipun balungan dalah pagêr banonipun, utawi ngatingalakên endahing wêwujudaning rêrêngganipun, manawi karaosakên kados griya-griya wau sampun sami kakapti nêdya ambêbedhung dhatêng singa-singa ingkang ningali, murih bingungipun, sampun ngatos sagêd amastani pundi ingkang sae, pundi ingkang kirang sae. Saking pamirêng kula, griya-griya ing Kondhang Dhiyah wau, ingkang angwontênakên pakêmpaltanpakêmpalan. manggaota satunggil (maatschappaij) nama de Bouwploeg, dunungipun kantor pakêmpalan wau ing têmbe ugi badhe wontên ing ngriku, nanging sapunikanipun, griya ingkang badhe kangge kantor dèrèng rampung panggarapipun, inggih sampun katingal anjanggarang mawi panggungan matundha-tundha, nanging dèrèng kababar, bokmanawi namung saking dèrèng sampurna pangrêngganipun kemawon, samangke kula mangrêtos, wontênipun wandaning griya-griya ing Kondhang Dhiyah sami irib-iriban sadaya wau, dados pancèn kajarag dening ingkang iyasa, pamrihipun, têrang manawi sampun ngantos damêl bosêning pandulu, nanging kapara andadosna wêwahipun asrining pasawangan, nitik rakit-rakiting panatanipun tanah Kondhang

--- 53 ---

Dhiyah, kados ingkang sampun kula pratelakakên ing nginggil, kintên-kintên botên lêpat pambatang kula, manawi sawatawis taun malih, Kondhang Dhiyah wau sagêd dados sêsêkaring kampung Walandi ing kitha Batawi, kitha gung baludaganipun kitha Intên, inggih ingkang karanipun ing dangu kitha Jakêtra utawi Sundha Kalapa.

Engêt dhatêng têmbung Jakêtra, kula lajêng botên sagêd mêkak wêdaling gagasan, ingkang ngèngêti dhatêng jaman ingkang sampun kapêngkêr watawis sawindu agêng sapriki, sarèhning kula sampun botên sagêd nyêgah uluring gagasan, môngka kula manah-manah inggih wontên prayoginipun kula cariosakên ing ngriki, mila inggih lajêng kula pacak pisan kemawon, sasumêrêp kula dhatêng babadipun kitha Batawi, nanging inggih namung cêkakan, miturut saèngêt kula kemawon.

Jakêtra utawi Jakarta punika wancahaning têmbung Jayakarta. Mênggah wontênipun ingkang karan Batawi kitha Intên samangke punika, kasêbut nama Jayakarta wau, asring ugi kawastanan Surakarta, punika wiwitipun sawêg nalika taun Mêsèhi 1527 kemawon, sabibaripun kabêdhah dening Kangjêng Susuhunan ing Gunung Jati (Cêrbun) ratu pandhita ingkang mêncarakên agami Islam wontên ing tanah [ta...]

--- 54 ---

[...nah] Pasundhan (Jawi Kilèn ) putra mantu dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Bintara (Dêmak) Kangjêng Susuhunan ing Gunung Jati wau, aslinipun saking sabrang, nalika sawêg angajawi pêparab nama Falêtèhan, utawi asring ugi sinêbut nama Tagaril, ing sadèrèngipun kitha Jakarta kajogan dening Kangjêng Susuhunan ing Gunung Jati, naminipun, Sundha Kalapa, rèhipun tumut karaton ing Pajajaran môngka kitha pabeyan ingkang agêng piyambak sakukubaning tanah Pasundhan, sabêdhahipun wau kitha Sundha Kalapa sarta namanipun lajêng kasantunan Jayakarta, pabeyan ing ngriku kasiwêr dhatêng Kangjêng Susuhunan ing Gunung Jati, kalêbêtakên dados bawahing nagari Bantên. Ingkang jinunjung dados karaton, minôngka lintunipun karaton ing Pajajaran ingkang sampun kasirnakakên, ing salajêngipun sarêng karaton ing Bantên sinèrèhakên dhatêng putra nama Hasanudin, amargi Kangjêng Susuhunan ing Gunung Jati pêrlu kondur malih dhatêng ing Cêrbun, Jakêtra lêstantun dados rèh bawah karaton ing Bantên, mawi dipun tanêmi Pangeran, kasêbut nama Pangeran Jakêtra. Sarêng nagari Bantên dados kasultanan, taksih sajumênêngipun Prabu Hasanudin wau, Jakêtra lêstantun karèh dhatêng Bantên, nanging satêngah inggih madêg piyambak, saking [sa...]

--- 55 ---

[...king] agênging wawênang ingkang kasampirakên Ingkang Sinuhun Sultan ing Bantên dhatêng Pangeran ing Jakêtra wau, nalika samantên sawêg nêdhêng-nêdhêngipun birahi kasultanan ing Bantên mêncarakên agami Islam dhatêng para kawula ingkang têbih saking têlênging karaton, petangipun taun Mêsèhi wontên salêbêtipun windu agêng ingkang kaping pitulas, palabuhan ing Bantên tuwin palabuhan ing Jakarta, punapadene palabuhan sanèsipun saurutipun nuswa Jawi ingkang sisih lèr, sami kasaba ing baitanipun bôngsa Portugis, bôngsa Walandi tuwin bôngsa Inggris, ingkang sami dagang layar, kulak pamêdaling siti Nuswantara. Bôngsa têtiga wau sami rêbut adêg, melik miyambaki mêmitran kalihan bôngsa Jawi, mila botên ngêmungakên sami crah piyambakan kemawon, malah ngantos mawi nindakakên pangobong dhatêng tiyang Jawi, sampun ngantos purun dipun kilaki dhatêng mêsahanipunmêngsahanipun. dagang, ngêmungna lawanan dagang kalihan sabôngsa kemawon, awit saking nalar ingkang makatên wau, Pangeran ing Jakarta, nalika samantên ingkang jumênêng nama Kawis Adimarta, tuwuh kuwatosipun bab anggènipun sampun kalajêng marêngakên dhatêng bôngsa Walandi, kenging damêl gudhang patandhon padagangan pinagêr ing grogol, wontên ing swamipaning palabuhan,

--- 56 ---

kuwatosing panggalih, bokmanawi ing têmbe bôngsa Walandi saya agêng padaganganipun, têmbung badhe saya agêng panguwaosipun wontên ing kitha Jakêtra, langkung malih sarêng kuwatosing panggalih wau binumbon ing pambombongipun bôngsa Inggris, ingkang ugi sampun kaparêngakên nyewa siti ing sapinggiring palabuhan, kangge ngadêgakên gudhang, bôngsa Walandi sêdyaning panggalih lajêng badhe tinundhung, manawi botên kenging kaalus, inggih kakasar. Punika wiwitipun kitha Jakêtra lajêng kêrêp dados papan paprangan, prasasat ginuntur ing dahuru mawantu-wantu ngantos pintên-pintên taun lamènipun, nalika samantên grogolipun bôngsa Walandi, ingkang lajêng dipun santosani, kadadosakên bêbiting dening Kapitan Jangkung ( Jan Pieterszoon Coen ).§ Ing carita babad Jawi J. P. Coen. Asring kasêbut nama Mur Jangkung Koning. Mur punika kintên-kintên pungkasaning têmbung Portegis, capitaomur ingkang katêgês pangagênging prajurit kapal, dene koning bokmanawi klèntunipun pangucap nirokakên ungeling têmb. Pitatosipun,Pitadosipun,. OsUs.

--- 57 ---

Indhisê Kumpani, kêrêp kinêpung têtiyang Jakêtra binantu ing tiyang Bantên, wêkasaning prang tiyang Walandi unggul juritipun pasagêdsagêd. ngrisak kitha Jakêtra ingkang lajêng kabangun malih dadoddados. kitha bôngsa Walandi. Wiwit nalika samantên, titi mangsanipun taun Mêsèhi: 1619 Jakêtra lajêng kanamakakên kitha Batawi, dening bôngsa Walandi, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Anyakra Kusuma, Sultan Agung ing nagari Mataram, sarêng midhangêt pawarta bêdhahing Jakêtra dening bôngsa Walandi lajêng utusan anglurugi, ingkang pinatah nyenapatèni lampahing wadya, Tumênggung Baurêksa, lurugan wau dipun sêngkalani lir buta tata jurit, utawi lwir buta têtandang wani.th. 1553.

Baurêksa pêjah ing rana, wadyabala ing Mataram lajêng mundur, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Anyakra Kusuma, sarêng midhangêt pawarta pêjahipun Tumênggung Baurêksa, lajêng angangkatakên wadyabala malih, tinindhihan Mangkubumi Tumênggung Singaranu kalihan Kangjêng Pangeran Juminah, nanging wêkasaning lurugan ingkang kaping kalih ugi tanpa wasana, wadyabala ing Mataram kathah ingkang kenging sêsakit, sarta kirangan têdha, bêbitingipun bôngsa Walandi botên kenging kinêpung wakul, jalaran ngongkang palabuhan, mila pungkas-pungkasaning prang, Singaranu rumaos kuwalahan, lajêng [la...]

--- 58 ---

[...jêng] mundur wangsul dhatêng ing Ngèksiganda§ Ngeksiganda punika kramanipun Matarum (Mata + rum) inggih Mataram. (sangkalaning warsa: tata indri tata jrihth. 1555. Ehe).

Wiwit punika kitha Batawi lajêng ngêlar-ngêlar, wêwah taun tambah arja, pabeyanipun saya agêng, kasugihanipun saya andêdêl, têtêp dados têlênging lampah dagangipun jagad kilèn kalihan jagad wetan.

Wontên dahuru malih nalika taun Mêsêhi 1740 sarêng bôngsa Cina damêl kraman nêdya ambêdhah kitha Batawi, nalika sêmantên wontênipun pêpêjah agêng sangêt, bôngsa Cina ingkang manggih lena saking dêdamêl Walandi gunggung wontên 10000.

Ing taun 1811 Batawi dalah sadaya laladan jajahanipun bôngsa Walandi ingkang wontên Nuswantara, karêbat dening karajan Inggris, sabab nagari Walandi kakukup dhatêng nagari Pranês, nagarinipun tiyang Dhidhong: Prasman, dening Napoleyun I, môngka nagari Inggris paprangan kalihan nagari Pranês.

Sarèhning pangrêbatipun Inggris dhatêng Nuswantara Indhiya Wetan wau, namung saking sampun ngantos jajahan nagari Walandi katut dados jajahan nagari Pranês, sasampunipun nagari

--- 59 ---

Walandi kadadosakên bawah nagari Pranês, mila sarisakipun kaluhuranipun Prabu Napeleyun I sarta sarêng nagari Walandi sampun ngadêg pribadi malih dados karajan, Nuswantara inggih lajêng kawangsulakên dhatêng nagari Walandi malih, nalika samantên, taunipun 1816 dados dangunipun Nuswantara kaasta Gupêrmèn Inggris namung 5 taun.

Wiwit Sundha Kalapa kaêlih nama Jakêtra, ngantos dados nama Batawi tambah-tambah raharjanipun, mindhak taun mindhak majêng, langkung malih sarêng Tanjung Priyuk dipun wontêni palabuhan, iyasan kangge kapal latu, ingkang nêlasakên wragat gunggung 26 ½ yuta rupiyah, sanuswantara Indiya Wêtan, kitha Batawi botên wontên ingkang ngasorakên agêng wiyar sarta kasugihanipun, kajawi namung kitha Singgapura (lêrêsipun Singapura) bawah nagari Inggris, mila inggih sampun botên kalèntu manawi Batawi ingupamèkakên têtungguling sadaya sanuswantara, punapa malih sarèhning wêdaling sadaya paprentahan nagari ugi saking ngriku, inggih sampun lêrês kitha Batawi angsal paraban ancêr jinantraning pangrèh Nuswantara.

Bab kaping kalih

Amangsuli cariyos bab lampah kula dintên Kêmis Wage tanggal [tangga...]

--- 60 ---

[...l] kaping 14 Rêjêb, utawi 19 Juni wanci jam 3 siyang kula sampun minggah ing baita malih, dipun êtêrakên mitra ingkang kula sipêngi, kathah para panumpak ingkang sampun datêng langkung rumiyin, mèh sadaya ambêkta sêsarêngan, pawong sanak utawi pawong mitra, prikônca kula panumpak pangkat kalih saking sakêdhik sagêd pêpak, sadaya sami linggihan utawi mlampah-mlampah wontên ing panggungan ôngka 1. Panumpak pangkat 1 sami anjujug ing panggungan ôngka 1 utawi 2 ing pangkat 1. Sarèhning sadangunipun baita dèrèng lumampah, pipilahaning papangkatan botên dipun pêrduli, jalaran saking kathahipun para pangatêr, mila para panumpak pangkat kalih manawi wontên ingkang badhe dhatêng pangkat satunggal, samantên ugi panumpak pangkat satunggil, ingkang badhe dhatêng pangkat kalih, nadyan dalah mitra utawi sanakipun, inggih botên kaawisan, para pangantêr nadyan kawistara ing sêmunipun, dèrèng sami purun wangsul, manawi baita dèrèng badhe mangkat, ewasamantên sarêng jam 5, baita mêksa dèrèng mangkat kados ingkang sampun katamtokakên ing suwaunipun, saking sakêdhik lajêng sami mandhap saking baita, wangsul dhatêng kitha, amargi sami angsal katrangan saking pangagênging baita, bilih angkating palwa

--- 61 ---

mangke wanci dalu, dados saupami ngêntosana, badhe kadangon sangêt. Jam 6 ½ têngaraning nêdha mungêl, para pangantêr satunggal sampun botên wontên ingkang kantun ing baita. Para panumpak pangkat 2 sami wiwit nêdha, sabibaripun lajêng sami gagrombolan wontên ing panggungan, panumpak ingkang minggah saking Batawi sami ngupados tatêpangan panumpak lami, manut sakajêngipun piyambak, nanging inggih wontên ingkang amanah botên pêrlu tatêpangan kalihan para panumpak lami sadaya.

Wanci jam 9 dalu dilah-dilah ing baita ingkang sami labuh jangkar, wontên ing palabuhan tuwin dilah-dilah ingkang wontên saurutipun imbanging palabuhan ingkang têmbing kilèn, miwah ingkang gumantung ing èmpèring gudhang-gudhang, atanapi ingkang wontên ing pucaking mênara andhap tuwin mênara inggil, sadaya mpunsampun. murub mubyar sinawang saking baita pating karêlip kados kartika rêkta ingkang anjrah ing satêpining palabuhan, sanadyan salêbêting palabuhan, katingalipun ugi kêbak dilah, dening isi layangan, wahananing gêbaganipun sorot, ingkang dhumawah ing tirta. Jam 9 lêrês, têngaraning baita ambaung cêkak kaping kalih, baita lajêng wiwal saking imbaning palabuhan, mingêr manêngah angarah-arah, mêdal sasêlaning plênthukan tosan, [to...]

--- 62 ---

[...san,] ingkang sami kumampul matêsi margining baita agêng. Pun Wilis saya manêngah saya rikat lampahipun, anjêjêg ngancas cangkêming calangap palabuhan, ingkang ing wanci dalu sami ugi sagêd katingal wela-wela, awit saking ingapit-apit mênara alit, ingkang pucukipun pinasangan dilah agêng. Dilahing mênara kêkalih wau ingkang satunggil panjêran, satunggilipun mawi kêdhèp, pêjah lajêng gêsang malih, gêsang sawatawis gangsal sêkon, pêjahipun kalih sêkon. Sarêng sampun langkung calangapaning palabuhan, lampahing baita saya rikat, botên dangu sampun angungkurakên adhêping palabuhan, ingkang katingal nyalangap kados cangkêming rasêksa angangah-angah labêt saking kêkirangan tadhah. Nalika samantên nuju purnama sidhi, buwênganing côndra katingal satebok alit, kêlong-kêlong sumunar jênar, dumilah anêlahi sabawana, nyurêmakên sunaring kartika ingkang sumêbar, lir pendah gabah sinawur, angrênggani indênging antariksa, layanganing wulan purnama ingkang dhumawah ing toya, pêcah suwarnanipun dening obahing ombak, kêlap-kêlap angêlèbi bulakaning tirta, salajur ingkang kaprênah katênggêl ing sorot, sinawang saking baita kados radinan cahya seta, ingkang kêncêng nuju dhatêng alaming gagasan, jamanipun tiyang alayap-layap.

--- 63 ---

Gêbyar-gêbyaring dilah mênara ing calangaping palabuhan ingkang sisih wetan, nuwuhakên gagasan kados magêp-magêping kênya ingkang koncatan ing dasihipun, tinilar lêlana, manthiring urubipun dilah mênara sisihanipun, anglir pasêmonipun nêtyaning rena, ingkang jêmblêng saking kamitênggêngên, anggèning ngulatakên malayaring wêka. Sumêdhoting manah kula sampun tanpa upami ngraosakên soroting dilah kêkalih wau, awit lajêng karaos-raos, kèngêtan dhatêng para sutrêsna ingkang sami kula tilar. Ing sawingkingipun dilah kêkalih wau, ngêlêti palètèraning toya samodra ingkang pindha palataran rukmi seta, kalihan kuwunging wiyati, ingkang kados gêbêr gêdhah sinêbaran ing sêsotya nawarêtna, pasisiring nuswa Jawi, tanah kalairan kula ingkang sangêt kula trêsnani, anggamêng ngalêmpêng kados sumêrêpa dhatêng rudatining manah kula, anggèn kula karaos awrat nilar pasisiripun, srêp têntrêm miwah ayêming manah sumawana sagêd damêl narimah ing sapanduming pêpasthèn, dhatêng sintên tiyangipun, ingkang tinakdir wiwit sumêrêp pajar hawa wontên ing sakukubaning talatahipun.

Kirang pêrlu kula udhala sadaya raosing manah, duk kula mulat siti wutah rah kula, anggèning saya dangu saya têbih antawisipun kalihan baita, ingkang kula tumpaki, [tu...]

--- 64 ---

[...mpaki,] sintên ingkang sampun nate pamitan badhe nilar ingkang dados pêpujaning manahipun, sampun tamtu botên kèwêdan angwontênakên têpa, mênggah raosing manah kula ing wêktu wau, botên siwah saglugut, inggih makatên raos sutrênyuhipun ing manah kula.

Kathah lêlangêning ênu ingkang anggawokakên pandulu kados ta: kêlip-kaliping dilah mênara ing pulo alit. Kapêksa kêdah mêdal sasêlaning pulo alit-alit ing ngriku pulo wau ginêrba ing nama pulo sèwu (Duizend eilanden) manggènipun sumêbar wontên salèring paabuhanpalabuhan. Batawi,§ Pulo-pulo wau ingkang sawatawis agêng wontên namanipun, kados ta: pulo Damar Bêmar (Edam), Damar Kêcil (Almkaar), Nyamuk Bêsar, Rambut A E Kapal (Onrust) Sakit, Burung, Lusi, manggènipun wontên salebêting tutuwunganipun sagantên ing Batawi punika (reede. langkung malih wuwujudanipun satungtunggilsatunggil. [satung...]

--- 65 ---

[...tunggil] pulo alit-alit wau, ingkang pating palênuk wontên ing sakiwa têngêning margi ingkang dipun lampahi baita, wontên ingkang kados tiyang tilêman mujung, wontên ingkang kadosrai rasêksa ingkang tumênga ing ngakasa, wontên ingkang lonjong kados baita kawalik, utawi bundêr kados bathok mangkurêb, sadaya wau nambahi trênyuhing manah, trênyuh anglês labêt saking rumaos nilar tanah kalairan, kawewahan mawi putêk saking ngèngêti kadang warga ingkang kantun, sampun nata ing têlênging batos manthêr wontên urupipun pangajêng benjing sawatawis warsa wangsul malih, ambêkta olèh-olèh kagunan tuwin sasêrêpan, saiba giyuhing manah.

Botên kula panjangakên cariyos kula, bab kalangêning margi, jam 11 dalu, lampahing baita sampun wiwit nêkuk, mangidul mangilèn, ngancas badhe lumêbêt dhatêng sagantên Intên, inggih sagantên Pasundhan (straat Soenda) kula lajêng mapan tilêm, enjing jam 6 tangi sumêrêp Ujung Warata (vlakke Hoek) pojoking pulo Sumatra ingkang lèr wetan, rêmêng-rêmêng kulawu rêgêd jalèrèh wontên ing satêngêning baita têbih. Pulo Krakatao ingkang mrêgil wontên têngah-têngahing sagantên ing Bantên, misuwur saking anggènipun balêdhos nalika taun 1883, ngantos damêl papêjah [papê...]

--- 66 ---

[...jah] maèwu-èwu, sampun kalangkungan nalika jam 3 dalu, dados panumpak ingkang sami kapengin sumêrêp dhatêng rêdi gêmpal ing pulo wau satunggil botên wontên ingkang sagêd sumêrêp.

Ing ngriku ombaking sagantên sampun dados alun, sanadyan botên patos agêng, nanging sampun sagêd nyuda anglêring lampahipun baita.

Saking ngriku lampahing baita lajêng nêkuk mangalèr ngèncès mangilèn sakêdhik, Ujung Warata namung sawatawis jam katingalipun lajêng kapêngkêr, lampahing baita ngêncêng turut pasisiring Sumatra iring kilèn, nanging têbih saking pasisir, mila sadintên muput sampun tanpa wontên dharatan katingal, nadyan pulo alit kemawon botên wontên ingkang mancungul.

Enjingipun malih wiwit bangun taksih rêpêt-rêpêt, pasisiring Sumatra sampun katingal, wontên ing sisih têngêning baita, sabablasing pandêlêng, saking lèr mangidul, jalèrèhing pasisir tinamping rêdi kêlir bêbanjêngan (kasêbut nama Bukit Barisan) katingal biru mêlês pucak-pucakipun rintik-rintik, kados nyêmungkirangi têpining antariksa, pucaking rêdi kathah ingkang lancip tinimbang kalihan ingkang têmpak, pating cringih thèrèk-thèrèk kados jinèjèr,

--- 67 ---

asring lômba, nanging ugi asring rangkêp, kala-kala ngantos sap tiga sakawan, katingal riyêl uyêl-uyêlan kados sami rêbutan inggil.

Jam 11 siang, sakiwaning baita katingal wontên pulonipun, panganjuring pulo rêrentengan, ingkang sadaya kapering wontên sakiwaning baita, wontên ingkang panjang wontên ingkang cêlak, sadaya kêbak têtuwuhan kalapa.

Lampahipun baita cêlak sangêt kalihan pulo-pulo wau, nanging ugi cêlak kalihan pasisiring Sumatra, ngantos manawi sinipat kalihan kaca prakcana ingkang alit kemawon, sampun sagêd ningali tiyang ingkang wontên ing dharatan saking cêlakipun têtuwuhan ngantos sampun katingal ulêsipun piyambak-piyambak, rêdi-rêdi mantun maligi ulês biru, krowal-krowaling pasitèn, jalèrèhing lorog-lorog, lêdhokaning jurang, corahing pèrèng-pèrèng ingkang kondhukan ing punthuk, dèrèng angsal sunaring diwangkara, sadaya gadhah ulês piyambak-piyambak, kêlêm utawi mungal, manut gêbag dhawahing sorotipun Hyang Pradônggapati, sauruting dharatan, saking lèr mangidul, kenging gapyuking alun ingkang pêcah wonkênwontên. paranging pasisir, anglir tinêpi ing kêmadha pipit seta

--- 68 ---

pulo alit-alit, pating palênuk katingal adi, saking saening têtuwuhanipun, ngantos mèmpêr têtêdhan ingkang sinêkar ing mêmanis, tinata tharik-tharik ing meja lajuran.

Dangu têlasipun, kawarnaa sadaya ingkang ngasrèkakên pasawangan sakiwa têngêning margi, badhe lumêbêtipun baita ing palabuhan Padhang, lembak-lembak ing sacêlaking pasisir kala-kala katingal wontên baitanipun alit, jong ingkang ambabar layar, rêsik aprêkis katingalipun kados banyak widhe ingkang lumarap ing toya.

Jam 1 ½ pun Wilis sampun tumèmplèk ing imbaning palabuhan ing Padhang, pun Wilis inggih gampil sangêt lêbêtipun ing palabuhan, ing ngriku kawontênanipun baita agêng tuwin baita alit botên kathah, nanging mêksa sampun sagêd damêl pamarêming manah dhatêng sintên tiyangipun ingkang badhe andugi-dugi mênggah gênging padagangipun kitha Padhang. Emahaven makatên namanipun palabuhan baita agêng ing Padhang, dadosipun palabuhan sawêg wiwit nalika taun 1892 ing suwaunipun ingkang dados palabuhan, sarta samangke ugi taksih dados palabuhanipun baita alit-alit, punika sungapaning lèpèn, Batang Aral, ingkang sapunika kasêbut palabuhan lami.

--- 69 ---

Jam 1 ½ pun Wilis sampun wontên swamipaning Batur Palabuhan, wiwit andhawahakên tambang saking canthik wingking tuwin canthik ngajêng, supados lajêng kacancang angsal pathok tosan, ingkang dumunung ing imbaning palabuhan, para panumpak ingkang sami sumêdya mandhap, sampun santun mawi topi wiyar, mantun ngangge topi pèt, ngadêg pating dlajêg wontên sacêlaking tamping baita ingkang kaêngakakên, para numpak ingkang sami ambêkta anak alit-alit, kapêksa kêdah nêngga anakipun, kantun ing baita, mila katingal ayêm-ayêm, eca anggènipun sami ngêmong anakipun wontên ing panggungan, ôngka 1 kemawon.

Byur. Byur. Swantên gumêbyur matumpa-tumpa, damêl cingakipun para panumpak, wasana sadaya lajêng manglung leyodan tampinging baita, ningali dhatêng ênêr prênahing swantên gumêbyur, ingkang katingal ing ngriku lare jalêr-jalêr amblujud tanpa awêr-awêr, sami enggak, bêngok-bêngok nêdha kauncalan arta. Sabên plung, arta dhumawah ing toya, lêp, lare-lare wau sami salulup, ngrayah dhatêng ardana, ingkang kêlêmipun ing toya asin botên sagêd rikat, kados manawi kêlêm wontên ing toya tawa, mila arta ingkang kauncalakên tamtu inggih sagêd kêtututan, asring kemawon, [ke...]

--- 70 ---

[...mawon,] dèrèng ngantos dhumawah ing toya, arta sampun kenging kasaut, dene manawi lêpat nyautipun, arta lajêng kêlêm ing toya, sadaya lajêng sêsarêngan anggènipun nyalulupi, ing prênah dhawahipun arta wontên ing toya, lajêng katingal dados ancêr kalanganing lare-lare abên sirah kranggèh-kranggèh, saking anggènipun sami rêrêbutan, sintên ingkang langkung rikat panyautipun dhatêng arta wau.

Para panumpak anggènipun ngantu-antu kapengin mandhap, rumaos angsal sambèn ningali salulupanipun lare-lare angrayah arta wau, sanadyan tiyang-tiyang ingkang wontên ing batur palabuhan, katingalipun ugi rêmên nyawang dhatêng solahing lare-lare wontên ing toya, langkung malih manawi sami cikrak-cikrak, ingkang sami nyawang katingal rêna, dene kawistara sami mèsêm, namung para bêbau ingkang ngandhapakên arêng sela (Steenkool) saking lori-lori, botên wontên ingkang salah wèngwèng ningali dhatêng lare-lare wau, E, dalah dhatênging baita kapal ingkang kula tumpaki, katingal botên karèwès, sadaya mêlêng mindêng dhatêng padamêlanipun kemawon wontên ingkang nyorogi ngandhapakên arêng saking lori wontên ingkang ngusung nginggahakên arêngipun dhatêng ing baita.

--- 71 ---

Pun Wilis, satumèmplèkipun ing Batur Palabuhan, ingkang mawi dipun èmbèl-èmbèli karêtêg bukung sinôngga ing saka kajêng agêng-agêng, ngongkang ing toya lajêng wiwit mandhap, lampahipun anggilir sadaya anjujug dhatêng sêtatsiyun sêpur. Jam 2 ½ sêpur mangkat dhatêng kitha Padhang, nrajang pasitèn ingkang mêndhak-mandhukul, jalaran ing ngriku pancèn tanah parêdèn, watawis satêngah jam, kalêbêt kèndêlipun wontên ing haltê-haltê sêpur sampun dumugi ing kitha.

Kawontênanipun ing Padhang dèrèng kathah prabedanipun kalihan ing tanah Jawi, hawa, pasitèn, parêdèn, sarta tanêm-tuwuhipun taksih sami sadaya, botên damêl kagèting paningal, amung panganggening têtiyangipun, tuwin wêwangunaning griya sampun wontên bèntênipun, panganggenipun tiyang jalêr sami kados panganggenipun tiyang jalêr ing Batawi, jas-jasan calana, akêthu gêpak, bedanipun namung kathah ingkang mangangge ulês cêmêng, tinimbang kalihan ingkang mangangge ulês pêthak, sarta ingkang kathah sami aslendhang sarung. Tiyangipun èstri naracak sami sarungan, arasukan panjang, kados tiyang èstri ing Batawi, nanging bedanipun sawatawis wontên ingkang ubêd-ubêdan sirah wangun [wa...]

--- 72 ---

[...ngun] podhangan, sarupi têkês nanging ing nginggil papak mawi lancip ing kiwa têngên, tur mawi tirahan ingkang kumlawèr dhawah sawingkinging pundhak, kacriyos makatên punika panganggenipun tiyang èstri Padhang parêdèn, wêwangunaning griya kathah ingkang dhapur kampung, adhêpipun mujur ngajêngakên radinan, balunganipun kajêng utawi dêling kados ing tanah Jawi, nanging sadaya punggungan inggil, sinôngga ing pintên-pintên saka, dados manawi badhe lumêbêt ing griya, kêdah mawi minggah undhak-undhakan rumiyin, inggih makatên punika racaking wêwangunanipun griya têtiyang bôngsa Malayu.

Wontên ing kitha Padhang kula manggih kabêgjan, dene kaajak tatêpangan kula, panumpak pangkat satunggil ing baita Wilis, kitêr-kitêr ngubêngi kitha, numpak kareta motor (Automobiel). Kula jêmblêng ningali saening margi botên ngêmungakên ingkang wontên ing salêngêtingsalêbêting. kitha kemawon, sanadyan radinan ingkang anjog ing padhusunan inggih sami linapis ing Aspal (asphalt) inggih punika lêlêthêking êtir, ewasamantên ing pundi-pundi dados atos waradin anggêgêr lêmbu, sarta ing pundi-pundi rêsik gumrining kados tanpa kêndhat ingupakara. Inggih botên anggumunakên, dene ing ngriku pancèn siti parêdèn, dados prabeya sakêdhik kemawon, [kemawo...]

--- 73 ---

[...n,] sampun sagêd angwontênakên margi ingkang saenipun samantên, wit-witan pangayom-ayom margi, sadaya katingal lêma-lêma, anandhakakên bilih ing ngriku sitinipun êloh, jênening margi kayoman ijêming kêkajêngan, tuhu anggawokakên ingkang sami langkung ing ngriku. Sakiwa têngêning margi, pakaranganing pemahan racak wiyar-wiyar, kathah isinipun wit klapa tuwin karang kitri sanès-sanèsipun, pakêbonan, patamanan sami katingal kopèn, griya-griya rêsik, kawistara manawi dipun gêmatèni pangupakaranipun, nanging wontên kuciwanipun sakêdhik, dene griya-griya wau nadyan ingkang agêng pisan, kathah sangêt ingkang payonipun wêlit, pot siti agêng wontên sangajênging griya, ingkang alit-alit tinata wontên ing hèking panggungan, isi sêkar warni-warni, tuhu damêl asrining pasawangan dhatêng satunggil-tunggiling pakarangan, sadaya wau nadyan èmpêripun dhatêng kawontênaning tanah Jawi taksih kathah sangêt, ewasamantên sampun suka raos dhatêng sintên ingkang umulat, langkung malih manawi ingkang umulat pancèn tiyang manca, bilih ing ngriku punika tanahipun tiyang Malayu, talatahipun pulo Sumatra, dene pulo Sumatra punika panjang nyaladhang mujur mangidul ngetan [ngeta...]

--- 74 ---

[...n] tinugêl garis kêndhiting jagad, pindha amrabatangana wot pulo-pulo ingkang wiwit nuswa Jawi tuwin Bali, Lombok nêkuk mangetan dumugi pulo Timur, nyambêt pisahipun jagad Asiyah kalihan jagad Ostraliyah.

Sumatra punika kintên-kintên katêlah saking pakêcapaning têmbung samodra, amargi ing dangu pulo Sumatra ugi karan Pulo Tasik, sami ugi kalihan pêparabipun Kangjêng Susuhunan ing Giri Kadhaton (Cêrbon) nalinalika. samantên angajawi, kajawi kasêbut nama Palêtèhan utawi Tagaril, sarèhning kalairanipun ing Tanah Pase talatah pulo Sumatra, ugi asring kasêbut nama Radèn Samodra.

Kitha Padhang ing kinanipun karaton ing Minangkabu, inggih punika ingkang kawastanan Padhang Nginggil sarta Padhang Ngandhap, kalihan Padhang Tanah Ngare, dene wontênipun nama Minangkabu, ujaring kaol, katêlah ing pakêcapan saking mênang kêrbo.

Kawontênanipun kitha Padhang, ingkang adi aèng, pantês kapêrlokakên dipun tingali tiyang manca, kapetang botên wontên, namung manawi kangge awon nganggur, sarèhning sampun wontên ing kitha Padhang inggih botên kirang kados ta: Gunung Monyèt, utawi Gunung Kêra.

--- 75 ---

(Gunung kêra)Ditulis dengan huruf Arab. Têtiyang Walandi mastani (Apenberg) mila karan makatên, sabab saking kathahing wanara ingkang wontên ing ngriku. Mênggah prênahing rêdi wau wontên sakiduling sungapanipun lèpèn Padhang dhatêng ing sagantên (palabuhan lami) dene wujudipun mèh bundêr malêndhuk kados tutup tenong. Wiwit saking suku dumugi pucak rêdi kadhatoning wanara wau kêbak kêkajêngan utawi thuthukulan wana sanès-sanèsipun, manawi badhe ningali kathahing wre ingkang wontên ing ngriku kêdah numpak baita tambangan saking pinggiring sungapan ingkang sisih lèr dhatêng brang kidul, manawi sampun dumugi ing sukuning rêdi, kantun nguncali wowohan doyananipun, sadaya kêthèk ingkang sumêrêp têmtu lajêng dhatêng sami ngrayah, ngalapi wowohan wau.

Kajawi saking punika gisikaning samodra sawingking kamar bolah ing Padhang, inggih lowung kangge sambèn manawi namung badhe ningali kawontênanipun ing Padhang kemawon, aluning sagantên ing ngriku prasasat botên wontên, rêdi-rêdi sakiwa têngêning têlukan, botên patos agêng kenging kapetang, ewasamantên gapyuking ombak wontên ing gisikan pasir, pating janggêlêging sela wontên katêbihan cêlak kalihan sukuning rêdi-rêdi, muncrating toya ingkang notog sela-sela wau mêksa angwontênakên [angwontê...]

--- 76 ---

[...nakên] gagasan, ngèmpêri gisikaning sagantên kidul ing prênah ingkang wontên têlukipun, punika tandhanipun bilih kawontênanipun tanah Sumatra taksih mèh sami kemawon kalihan tanah Jawi, raos ingkang ambedakakên sadaya ingkang kasawang punika prasasat botên wontên.

Griya ing Padhang sumêrêp kula ingkang agêng piyambak gêdhong dalêmipun Tuwan Gupêrnur Sumatra's Wêstkaust (Sumatra Pasisir Kilèn) inggih punika wawakilipun Kangjêng Gupêrnêmèn ingkang mangrèh tanah Padhang parêdèn kalihan tanah Padhang ngare.

Ing watawis têngah-têngahing kitha wontên alun-alunipun wiyar, nanging ginêbal ing sukêt, mawi tinugêl-tugêl ing margi, ing têngahipun ingadêgan tugu pèngêtan dhatêng lêlabêtanipun Jendral Migilsê ingkang sagêd nyirêp kraman bôngsa Padri nalika taun Mêsèhi 1821 dumugi 1837, mila alun-alun wau karanipun inggih "Michielsplein ".

Ing palabuhan lami ugi wontên tugunipun pèngêtan, nanging kula botên kobêr maspadakakên papêthan utawi sêratanipun, ingkang cinawi ing ngriku.

Hawanipun ing Padhang kenging kawastanan sakeca, mèmpêr hawa ing tanah Priyangan, nanging wujudipun kitha-kitha botên nyandhak kitha-kitha ing tanah Priyangan. Watawis tigang jam (kalêbêt pangaso kula wontên imbanging tasik sawingkinging [sawing...]

--- 77 ---

[...kinging] kamar bolah) dangunipun anggèn kula mubêng-mubêng kitha, raosing manah têka sampun marêm. Sarêngan kula mbokmanawi samantên ugi, amargi lajêng ngajak wangsul dhatêng ing baita, lajêng anumpak oto kemawon, ngiras ningali padhusunan sakiwa têngêning margi, ingkang anjog dhatêng palabuhan iyasan (Emmahaven). Lampahing oto sawatawis radi kasêngkakakên, mila dèrèng ngantos jam 5 kula sampun ngancik ing baita malih, badhe adus sampun kalungsèn, mila nrimah namung santun pangangge kemawon, pêrlu sampun agêngipun kasaru, alitipun kagrênêng, manawi mangke kêmpal nêdha sêsarêngan kalihan para prikônca panumpak pangkat kalih.

Bêbau baita bikut anggènipun sami ngrêsiki gogroganing arêng sela, ingkang dhawah ing kajoganing baita. Candhela-candhela tuwin kontên-kontên ingkang suwaunipun katutup rapêt supados sampun ngantos kalêbêtan cuwilan arêng sela, ingkang katut ing angin, lajêng kabikakan malih, kajoganing baita atanapi kajoganing pêpanggungan, sami sinêntoran ing toya saking pipa pompa, salajêngipun kinêsutan ing sapu sikat, ingkang binuntêl ing gombalan wiyar. Botên ngantos satêngah jam, ing pundi-pundi sampun rêsik sarta garing, amargi ingkang

--- 78 ---

kakintên dangu têlasipun, lajêng kinasut ing sinjang, ngantos sagaringipun, supados tumuntên lajêng kenging kaambah ing para panumpak malih, tanpa kuwatos bok bilih panganggenipun têlês kenging toya siraman.

Jam 6 srêngenge sampun gumiwang badhe sêrap, para panumpak pangkat kalih, mirêng swaraning têngara klinthing, lajêng sami ngalêmpak dhatêng kamar nêdha. Sabakdaning nêdha lajêng bibaran, ingkang kathah wangsul dhatêng panggungan apêpanthan gagrombolan, wontên ingkang linggihan, wontên ingkang adêg-adêgan, wosing rêmbag, nitik saking pasêmonipun ingkang sami ginêman, inggih botên têbih saking gêgujêngan utawi sêmbranan, kados adat ingkang sampun kalampahan sabên sami kakrompolan.