Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kêkesahan dhatêng Nagari Walandi, Suryasuparta, 1916, #530 (Hlm. 078-162)

Katalog:Kêkesahan Dhatêng Nagari Walandi, Suryasuparta, 1916, #530
Sambung:
1.Kêkesahan dhatêng Nagari Walandi, Suryasuparta, 1916, #530 (Hlm. 001-078). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #836.
2.Kêkesahan dhatêng Nagari Walandi, Suryasuparta, 1916, #530 (Hlm. 078-162). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #837.
3.Kêkesahan dhatêng Nagari Walandi, Suryasuparta, 1916, #530 (Hlm. 162-234). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #838.

Bab kaping tiga

Jam 8, para panumpak sawêg sami eca jagongan, kasaru ungêling têngara sêmpritaning baita, ambaung sapisan, kaping kalih, baita lajêng mangkat, nilar baturing palabuhan iyasan, mêdal dhatêng ing sagantên.

Wiwit saking Padhang malampahipun baita ngêncêng mangilèn mêdal saantawisipun pulo Batu, kalihan pulo Bêrut, sipat kalihan garis kêndhiting jagad (evenaar - linie)

--- 79 ---

kapering kidulipun sakêdhik. Sadangunipun baita taksih wontên ing antawisipun Padhang kalihan pulo-pulo kasêbut ing nginggil wau, lampahipun taksih antêng, sabab alunipun taksih alit, jalaran sagantên ing ngriku prasasat angsal tamping pulo-pulo ingkang thèrèn nyipat ujuripun nuswa Sumatra kados magêr-magêran, sampun ngantos pulo Sumatra tanah karang kobaripun kagêbak ing alun agêng. Sarêng baita sampun ngungkurakên pulo-pulo wau, lampahipun lajêng wiwit rongèh, botên gonjing, naging kenging kawastanan nyongklang, amargi canthik ngajêng kaangkat ing alun, baita lajêng andhangak, canthik wingking anjlog, sabên alun ingkang ngangkat canthik ngajêng dumugi ing canthik wingking, canthik wingking lajêng mumbul, dados baita anjungkêl sawatawis, nanging mèh sami sanalika canthik ngajêng kaangkat alun sanès malih, baita anjêplak sawatawis, nanging sakêdhap inggih lajêng anjungkêl malih, makatên salajêngipun sadangunipun baita ngambah lautan ingkang kasêbut nama lautan agung Indiya (Indische Oceaan).

Lautan agung kasêbut ing nginggil wau, toyanipun ing pungkas kilèn, nêlêsi tanah karang kobaripun jagad Aprikah, ing pungkas lèr nyêmpyok jagad Asiyah, nêlêsi

--- 80 ---

pasisir tanah Arab, Pèrsi, Afganistan, tuwin Hindustan, pungkasan wetan angsal nuswantara Indiya kalihan jagad Ostralia, pungkasipun kidul gathuk kalihan sagantên ès wawêngkon kutub kidul (Zuidelijke Ijszee), mila saking sangêt wiyaripun sagantên wau inggih sampun botên anèh, manawi wontên ngriku alunipun saklangkung agêng. Pun Wilis wontên ing sagantên wau, manawi kapirit agêngipun, dèrèng môntra -môntra samrica ingkang kumampul wontên toya ing jêmbangan.

Sarèhning pangkatipun baita saking Padhang sampun wanci dalu, môngka nadyan dèrèng panglong nanging purnamaning wulan sampun kapêngkêr, mila ingkang wontên ing baita sami botên sagêd angsal pasawangan, wujuding palabuhan Padhang, manawi sinawang saking kilèn, mancal saking dharatan sampun lajêng sêpi tiningalan, kajawi namung dilah mênara, ingkang gêbyar-gêbyar sorotipun kados konang ingkang kaplêsat, ngambah sanginggiling bulakan toya.

Enjingipun wanci jam 8, satêngêning margi baita katingal wontên pulonipun alit kintên-kintên salah satunggiling pulo, ingkang prênahipun cêlak kalihan pulo Batu, ananging pulo wau katingalipun botên ngantos dangu, watawis sajam sampun ical saking pandulu

--- 81 ---

malih, wiwit ing ngriku aluning sagantên saya agêng, ing môngka lampahipun baita nugêl alun, mila nyongklangipun inggih mindhak ingkang saking ingkang sampun, ing mangke kocapa para panumpak ingkang sami taksih kirang kulina ngambah lautan, mèh sadaya kraos mêndêm laut, kula piyambak ugi makatên, mênggah ingkang dipun wastani mêndêm laut wau, manawi dipun raosakên, botên wontên raosipun punapa-punapa, sirah botên mumêt botên ngêlu, wêtêng botên mulês botên sênêp, nanging kêdah mutah, dene manawi kirang panahanipun inggih saèstu mutah. Sawênèh wontên ingkang ngraosakên gadhah raos kumliyêr utawi mungkug, nanging kula piyambak botên, ewasamantên sarêng kula botên kuwawi nahan anggèn kula badhe mutah, inggih saèstu lajêng mutah. Kathah ingkang sami ambêkta panulak sampun ngantos mêndêm laut, nanging tanpa damêl. Wontên ingkang nêdha jampi mêksa mêndêm, wontên ingkang botên nêdha jampi botên punapa-punapa, tatelanipun dumunung wontên tiyangipun piyambak-piyambak, tahanan utawi botênipun dhatêng ebahing baita, dados wosipun ingkang anjalari mêndêm punika ebahing baita, mila sanadyan kirang tahan, manawi wontên pangkat satunggal, inggih botên [botê...]

--- 82 ---

[...n] ebah sangêt, sabab saking panggenanipun kaprênah têngah-têngahing baita, inggih botên mêndêm, ananging ingkang makatên wau inggih dèrèng kenging dipun ugêri, amargi satunggiling nyonyah ing pangkat satunggal, wontên ingkang wiwit baita lumampah sampun lajêng mêndêm kemawon, ngantos botên purun mêdal saking kamaripun, kajawi manawi baita nuju labuh, bokmanawi saking pancèn kirang tahanipun sangêt.

Panumpak pangkat kalih, sarèhning pangkat kalih manggènipun wontên canthik ing wingking, tansah kaumbulakên sarta kaandhapakên ing alun, dados inggih kathah ingkang mêndêm, sawêg sadintênipun saking bidhaling baita saking Padhang, kula taksih sagêd nahan, nanging sarêng andungkap kalih dintênipun inggih saèstu mutah-mutah. Salêbêtipun mutah-mutah botên karaos punapa-punapa, sabibaripun inggih botên karaos cape utawi lungkrah, namung sawatawis lêsu kalihan kirang kêkajêngan, bokmanawi awit saking êndêm kula botên sangêt, awit kula sumêrêp wujudipun satunggiling panumpak pangkat kalih ingkang tansah mutah-mutah ngantos tigang dintên, ngantos têlas kuwayanipun.

Lare alit rupinipun kalis ing êndêm, amargi lare

--- 83 ---

sabaita, umur 15 taun mangandhap, samirêng kula botên wontên ingkang mêndêm satunggil-tunggila.

Mênggah ihtiyaripun ingkang sae piyambak supados sampun kalajêng mêndêm, punika sabên karaos badhe mutah, lajêng badan kaasokna, langkung malih manawi purun tilêman ngathang-athang wontên ing kursi panjang utawi wontên ing patilêman, manawi makatên kenging katamtokakên botên saèstu mutah, ananging sanadyan botênna kalajêng mutah, manawi pancèn kirang tahan raosing badan mêksa inggih botên sagêd kados manawi wontên ing dharatan, lêrês botên wontên raosipun ingkang gumathok, punapa ingkang kraos ewah saking padatan, nanging sudaning kêkajêngan dhatêng nêdha, utawi kathah ing kèndêl, kêdah anggagas-gagas, punika sampun kenging kangge pratôndha bedanipun saking padatan.

Wiwit ngambah lautan agung Indiya, ingkang katingal ing sabên dintênipun botên liya inggih namung toya kalihan langit, siyang kasorotan sunaring surya, dalu kapraban ing sunaring côndra, ingkang saya sêpuh saya lungse wêdalipun, ngantos sarêng sampun panglong kados ngêsrahakên panguwaosipun, anggèning mandami pêtênging dalu, dhatêng sakathahing lintang-lintang, supados amajari bawana sadalu

--- 84 ---

muput jêr jumêdhula ing ngantariksa punika, sampun dungkap wanci wijiling diwangkara, punapa malih sampun wujud tanggal, botên sagêd ambabar supraba kados manawi nuju purnama.

Sarèhning ing margi sêpên têtingalan, samangke kula badhe nyariyosakên kawontênanipun ing baita kemawon, padat-padatanipun tuwin caraning sêsrawungan kalihan para panumpak ingkang nunggil sapangkat, punapadene sambèn tuwin kasênêngan, ingkang dipun kulinakakên para panumpak, tuwin para punggawa baita.

Wiwit baita mancal saking Padhang, nêdhanipun panumpak pangkat kalih, katamtokakên, lare-lare jam 11 siyang tuwin jam 5 sontên, dene sarapanipun ing wanci enjing manasuka, ugêr sasampunipun kèndêl jam 7, botên langkah saking jam 9 sarta lare-lare wêktu sarapan namung kapilah sadhiyanipun meja kemawon, botên kapilah wancinipun, panumpak pangkat satunggal nêdhanipun lêt satêngah jam kalihan panêdhanipun pangkat kalih, nanging wancinipun sarapan sami kemawon, kaptin baita, Adminisêtratir utawi salah satunggiling Opsir asring tumut nêdha tunggil meja kalihan para panumpak pakat satunggal utawi kalih, tangkêpipun kados [kado...]

--- 85 ---

[...s] among tamu, nanging sajatosipun pêrlu nyatakakên wujud tuwin raosing têtêdhan, ingkang kaladosakên, murih sampun ngantos wontên salah satunggiling panumpak ngantos nacad olah-olahan, ngatos-atos sapamangsakipun sadaya ingkang badhe kaladosakên, sampun ngantos wontên salah satunggiling panumpak ngantos nacad, alitipun kirang eca, agêngipun amastani kirang urup kawontênaning têdha katimbang kalihan kathahing prabeya tambanganipun baita ingkang sampun katampèn dening matsêkhapèi.

Prabeya tambanganing baita, saking tanah Jawi dhatêng nagari Walandi, punika manawi numpak pangkat satunggal, 860 rupiyah, manawi numpak pangkat kalih, 520 rupiyah. Sarèhning lampahipun baita kirang langkung sawulan, dados kenging kapetang ingkang numpak pangkat satunggal ing dalêm sadintênipun kenging prabeya 28.66 rupiyah, ingkang numpak pangkat kalih 17.33 rupiyah. Manawi kagalih arta samantên wau tumanjanipun dhatêng têdha, panggenan tuwin prabeyaning lampah betênbotên. kenging kawastanan awis, prabeya samantên wau kapetang pangkat saking tanah Jawi (dados saking Pasuruhan, Surabaya, Têgal utawi Batawi, sami kemawon) dumugi ing nagari Walandi, [Wala...]

--- 86 ---

[...ndi,] mila manawi aprajanji mandhap ing kitha palabuhan Marsèlyê bawah nagari Repiblik Prangkrik, badhe nêrusakên lampah sêpur kemawon, badhe dados prabeyaning tambangan tumrap pangkat satunggal kirang langkung 635 rupiyah, tumraping pangkat kalih kirang langkung 390 rupiyah. Prabeya samantên wau taksih sagêd suda malih, manawi suka prajanji, salêbêtipun sataun utawi kalih taun badhe wangsul numpak baitanipun Matsêkhapèi malih. Bilih numpak pangkat satunggal wangsul salêbêtipun sataun, saking èngêt kula prabeyanipun namung 1125 rupiyah, mandhap tuwin numpak ing kitha Marsèlyê, bilih numpak pangkat kalih wangsul salêbêtipun kalih taun 735 rupiyah ugi mandhap tuwin numpak ing kitha Marsèlyê. Ingkang makatên punika pranatan prayogi awit Matsêkhapèi ingkang gadhah baita, punapadene ingkang numpak baita, sakalih-kalihipun sami sakecanipun, Matsêkhapèi sagêd anjagèkakên manawi mantukipun ingkang kekesahan badhe numpak baitanipun malih, dados sagêd anjagèkakên manawi badhe angsal untung, ingkang kekesahan angsal sudaning prabeya tambangan sawatawis, langkung malih samangke sarêng Rotêrdham Sêloid sampun prasasat badan satunggal [sa...]

--- 87 ---

[...tunggal] kalihan Matsêkhapèi Nèdêrlan, ingkang kekesahan langkung sakeca malih, awit mantukipun botên kapêksa mangsuli marginipun nalika mangkat kados ta: manawi mangkatipun numpak baita Loid, mawi kèndêl wontên ing kitha Padhang, Pêrim, tuwin Marsèlyê, punika mantukipun sagêdamsagêd. numpak baita Nèdêrlan, sagêd mampir kitha Geniyah, Kolombo tuwin Singgapura, prabeyaning tambangan botên mawi kaindhakakên.

Salêbêtipun wontên baita, sadaya panumpak dèrèng luwar saking ngêdalakên prabeya, dados taksih kêdah ngrogoh kanthong, kados ta: sabên dintênipun manawi nêdha ngombe sanèsipun toya wantah, utawi manawi ngumbahakên punapadene mêthakakên pangangge punika rêgining minuman tuwin kathahing prabeya amêthakakên kagunggung dados satunggal, sabên pitung dintên sapisan katamtokakên kapurih ambayar lunas.

Mèh sadaya panumpak tanginipun enjing, jam 6 utawi jam 7, siyang jam 2 utawi jam 3 tilêm sawatawis jam wontên ing kamar utawi wontên ing kursi panjang kemawon, wontên ing kajoganing baita sacêlakipun tiyang, utawi wontên ing panggungan, dene tilêmipun ing wanci dalu, ingkang kathah jam 12, satunggal kalih wontên ingkang [ing...]

--- 88 ---

[...kang] tilêmipun langkah saking têngah dalu, tanginipun ngantos jam 10 siyang, ananging ingkang makatên wau kala mangsa, ajêgipun inggih kados ingkang kathah-kathah.

Para panumpak sambènipun, kajawi jagongan omong-omong utawi gêgujêngan, ingkang ajêg maos buku, bêktanipun piyambak utawi saking bibliotheek (gêdhong buku) ing baita. Manawi badhe nêdha buku saking bibliotheek pamilihipun namung saking cathêtan namaning buku-buku ingkang wontên ing ngriku, botên kenging malêbêt piyambak ing gêdhong buku, dene panêdhanipun buku wau dhatêng hofmêêstêr makatên ugi manawi badhe mangsulakên utawi nêdha lintu. Para panumpak ingkang sami ambêkta anak, sadintên muput kapêksa ngêmong anakipun, ingkang ngajak bojonipun kêrêp jêjagongan kalihan ingkang ugi sarimbit kêkesahanipun, dene sanèsipun, punika ingkang sami ngagêngakên gêgujêngan, kêrêp dolanan dhuminu, dham-dhaman catur, utawi kêrtu Walandi, manawi sami berotên, ngantos botên ningali wanci.

Saking kirangipun têtingalan, ulam ngambang utawi pêksi mibêr kemawon dados têtingalan, dados raraosan, langkung malih manawi wontên baita katingal, sintên ingkang gadhah kijker utawi binocle (kaca prakcana) lajêng kawêdalakên [kawê...]

--- 89 ---

[...dalakên] kangge maspadakakên ganderaning baita, tuwin kangge ningali namaning baita, ingkang botên gadhah sami nyambut-nyambut, pêrlu namung sagêda tumut ngincêng sakêdhap, salêbêtipun baita katingal, sampun botên wotênwontên. potipun, anggènipun sami ngrêmbag baita wau, baita punapa momot barang, punapa momot tiyang kalihan barang, ingkang gadhah bôngsa punapa, saking pundi, lumampah dhatêng pundi, lampahipun ing dalêm sajamipun pintên mil, sadaya wau dipun udi sangêt, asring wontên ingkang nglabuhi takèn dhatêng opsir kapal, pêlupêrlu. namung sagêda lajêng nyariosakên dhatêng prikancanipun panumpak.

Têtingalan ingkang ajêg wontênipun, tur botên ambosêni, punika palêthèking surya ing wanci enjing, tuwin suruping surya ing wanci sontên, mila kathah-kathahing panumpak inggih wontên ingkang mêrlokakên, manawi enjing sanadyan awanipun taksih sawatawis asrêp, linggihan wontên ing panggungan, ningali dhatêng trontong-trontonging rawi, ngulatakên dhatêng asrining pambabaripun supraba, ingkang ngêbaki madyaning purwantara kados soroting pawaka dahana.

Sarèhning ingkang kaambah baita talatah garis kêndhiting jagad, môngka wulan Juni punika wontên ing talatah

--- 90 ---

ngriku, kalêbêt môngsa têrangan, dados awis sangêt palêthèking srêngenge ngantos botên kenging kadamêl têtingalan, sabên enjing mèh kenging katamtokakên, wêdaling surya saking sagantên botên mawi kaling-kalingan mega, saicaling bang-bang wetan langit lajêng biru, mega-mega manawi pinuju botên kathah, katingal kados sisik ulam, sagêd sunglap santun ulêsipun saking daya soroting pradônggapati, wiwit jambon, lajêng abrit ngantos dados jênar, wusana lajêng pêthak, samôngsa bundêraning surya, sampun oncat saking garis gathuking samodra lan akasa, manawi kapinujon kathah mega asring sangêt buwênganing rawi katingal kinêndhitan ing ngima ingkang ramyang-ramyang, utawi katutupan babar pisan dening mega kandêl, sabên wêngkuning diwangkara katingal mingip-mingip kadhatêngan mega sanèsipun ingkang nutupi malih, malampahipun tungkan-tungkanan, kados sampun sami ayon sumêdya angregoni malampahipun, anggèning badhe minggah andhawahakên sorot dhatêng bawana. Mega-mega wau malampahipun sami pating rênggunuk, rupi-rupi wuwujudanipun, gampil sangêt kengingipun kaèmpêrakên barang rurupèn warni-warni, bokmanawi mega-mega kados makatên wau, ingkang sagêd nuwuhakên gagasanipun para pangukir candhi ing Panataran, [Pa...]

--- 91 ---

[...nataran,] dene cacawèn saubênging tembok candhi tanpa sêla kêbak sasêkar megan, ingkang ingukir pindha sirahing danawa, yaksa utawi raksasa. Suruping surya botên sanès kuwatosipun anggèning damêl ascaryaning manah para panumpak, ingkang sami sênêng ningali dhatêng kaendahaning kodrat, sanadyan ingkang botên sami rêmên ningali, ewasamantên sabên wiwit byar raina, sawêga pungun-pungun tangi tilêm, polatanipun inggih sampun katingal sumèh, bokmanawi kajawi saking sakecanipun ngraosakên siliring hawa enjing, saking pandugi kula sami kadunungan raos lêga, dene salêbêting lampah ngidak dintên enggal malih, manawi sontên rêpêt-rêpêt, kadunungan raos adhêm, dene danguning lampah sampun suda sasiyang malih sami kalihan upami tiyang lumampah majêng angsal satindak, anggènipun nyêlaki panggenan ingkang dados ancasing sêdya.

Para panumpak sasumêrêp kula, botên kathah ingkang sami purun mêrlokakên ningali jumêdhuling diwangkara saking pungkasaning Jalanidhi, ngiras ngraosakên siliring hawa ing wêktu wiwit gagat raina dumugi minggah ing surya ing antariksa salêbêtipun taksih kasawang, dèrèng amblêrêngi dhatêng netra. Wontênipun namung satunggal kalih, ananging, [ana...]

--- 92 ---

[...nging,] suruping surya kathah sangêt ingkang nêdyanipunsêdyanipun. badhe anyumêrêpi, kuciwanipun, sarehning lampahing baita mangilèn lêrês, dados angsluping surya dhatêng pungkasaning sagantên asring kaling-kalingan panggunganing baita ingkang sisih ngajêng, samantên wau namung tumrap para panumpak pangkat kalih, dene panumpak pangkat satunggal ingkang manggènipun wontên ing sisih ngajêng saèstunipun kapara sagêd cêtha.

Lampahipun pun Wilis, manawi botên kenging ing alun agêng utawi botên nungsung angin, ing dalêm sajamipun sagêd angsal 13 ½ mil, makatên sanjangipun para punggawaning baita, nanging yêktosipun wiwit baita ngambah samodra gung Indhiya, ing sadintên sadalu. Lampahipun namung angsal sakiwa têngênipun 210 mil, dados ing dalêm sajamipun botên wontên 10 mil, sanadyan nalika taksih wontên ing sagantên Jawi, ingkang prasasat tanpa alun, lampahipun inggih mêksa botên langkung saking 12 mil ing dalêm sajamipun.

Sabên jam 12 siyang calon masinising kapal, sabibaripun ngukur prênahing surya wontên ing antariksa lajêng nyêcêk prênahipun baita wontên ing gambar jagad (kaart) ingkang tumèmplèk ing gêbyog sacêlaking kamar nêdha,

--- 93 ---

Sanginggiling cêcêk mawi kasêratan ôngka, pintên mila lampahipun baita kapetang wiwit jam 12 siyang ing dintên wau. Para panumpak sabibaripun nêdha siyang, tamtu kathah ingkang sami nuwèni gambar wau, padatan sami ngadhuh, manawi lampahipun baita kirang saking 210 mil, kosokwangsulipun, sami bingah manawi langkung saking samantên, sabên dintên sabên mêntas nginguk pèngêtan lampahing baita wau, para panumpak lajêng sami rame petang-petangan, ing dintên punapa sagêdipun sumêrêp dharatan malih, sarta benjing punapa sagêdipun ngidak dharatan malih, manawi sampun ngrêmbag prakawis punika tamtu gupyuk sangêt sarta dangu suwukipun, saya cêlak kalihan andhêganing baita ingkang cêlak piyambak, saya langkung dangu pangrêmbagipun prakawis punika ing sabên dintênipun.

Bibar nêdha siyang, sasampunipun omong-omong utawi gêgujêngan, padatan kanthi nêngênakên sambèn ngombe minuman, kados manawi ngajêngakên nêdha, para panumpak ingkang kathah lajêng sami maos, wontên salêbêtipun kamar udud utawi tilêman wontên kursi panjang, wontên ing kajogan panggungan, wontên ingkang dolanan dham-dhaman utawi sanèsipun, sawênèh wontên ingkang linggihan [ling...]

--- 94 ---

[...gihan] sacêlaking tiyang, wontên ing kajogan baita, ningali dhatêng lare-lare, ingkang sami dolanan utawi oyak-oyakan, sawênèh wontên ingkang awon nganggur mlampah-mlampah mêdal butulan marginipun para punggawa baita ingkang anjog dhatêng canthik ngajêng, ngiras manawi pêrlu badhe cukur, mampir dhatêng kamaripun tukang cukur, ingkang kajawi nyukur ugi manggaota sêsadeyan barang klithikan, kados ta: sikat untu, lisah wangi, bênik utawi kartu pos, mawi gambar kitha-kitha ingkang badhe dipun andhêgi pun Wilis. Jam 4, sabibaripun ngombe wedang wontên ing kamar nêdha, wiwit lajêng sami adus gêntos-gêntosan, sasampunipun dandan mangangge rêsik, lajêng minggah malih dhatêng panggungan, linggihan utawi maos, manawi wontên ingkang dolanan dham-dhaman dhuminu utawi catur, tumut nyêpêng utami namung ningali kemawon, dene sambènipun inggih kados padatan, udut kalihan ngombe minuman.

Sintên ingkang badhe nêdha ngombe, kantun mijêt pijêtan êlêktris ingkang tumemplek ing gêbyok kamar udud, sakêdhap nêtra lajêng paladèn tiyang Jawi dhatêng, takèn sintên ingkang ngundang, kalihan ngulungakên kitir cap-capan, sabên kitir wau sampun dipun isèni, punapa ingkang [ing...]

--- 95 ---

[...kang] katêdha, bir, sêtrup, limunadhê, anggur, utawi sanes-sanesipun, kitir lajêng kabêkta ing kamar minuman, paladen wangsul malih sampun ambêkta minuman ingkang katêdha.

Caranipun wontên ing baita, sabên krompol-krompol jagongan, salah satunggal lajêng wontên ingkang nawèni ngombe dhatêng prikancanipun jagongan, panêdhanipun sadaya ingkang dipun tawèni ingkang ambayar ingkang nawèni, botên kêncèng, nanging namung nandhani kitir cap-capan kados ingkang sampun kacarios ing nginggil wau, pambayaripun sabên pitung dintên pisan, wontên ing dintên Sabtu, katampèkakên dhatêng bon mistêr.

Nêdha jam 6 sontên, punika kaanggêp nêdha agêng, nêdha siyang jam 12 kaanggêp nêdha alit, amargi caranipun ing Êropa. Ingkang katêdha ing waktu siyang punika roti, lawuhipun anyêp-anyêpan, dene manawi sontên, inggih punika barang olah-olahan, kênthang, sayuran, ulam-ulaman angêt sapanunggilanipun, mila sanadyan ing wêktu siyang, wontên ing baita inggih nêdha barang olah-olahan, ewasamantên kabêkta saking wontênipun cara wau, nêdha siyang mêksa kaanggêp sanès nêdha agêng, awit saking punika [puni...]

--- 96 ---

[...ka] manawi wontên ingkang mangangge sawatawis kusut, ing wêktu nêdha siyang, inggih botên patosa dipun parduli.

Salêbêtipun nêdha kêdah angèngêti dhatêng lêrêsing patrap manut caraning bôngsa Walandi, kêdah ngatos-atos sampun ngantos nêrak dhatêng ingkang sampun dados walêraning cara, kados ta: kêcap, andhêkoni meja, sapanunggilanipun, murih sampun ngantos alitipun kangge rêraosan, kacacad anggènipun botên sumêrêp dhatêng cara, utawi agêngipun kagigatakên dhatêng adminisêtratur kapal, kados ingkang pinanggih dening ingkang nyêrat cariyos punika, nalika karaos mêndêm laut têngah-têngahipun ngadhêp meja, para maos sampun ngintên manawi kula nalika samantên damêl nêkipun para prikônca sarêngan kula nêdha, dene kula têka ngantos kalampahan kagigat, botên pisan manawi makatên, nanging namung kabêkta saking dèrèng sumêrêp kula, dhatêng cara wau, kula dumadakan nglampahi nêrak papacak, inggih punika nalika alun agêng, kula karaos kirang sakeca badan kula, inggih kula wontên ing meja nalika samantên ngajêngakên jandhela mênga, sarèhning kula botên kuwawi kenging siliring angin saking jawi, môngka pakèwêd badhe ngakèn dhatêng ingkang linggih ajêng-ajêngan kalihan kula, supados [supado...]

--- 97 ---

[...s] anutupa candhela wau, mila kula lajêng ngangge topi kula (pèt) sarta sanalika kula lajêng kesah saking meja, botên andumugèkakên anggèn kula nêdha, ewasamantên, enjingipun kula dipun sanjangi prikônca kula, bilih kula dipun gigat satunggiling prikônca rencang kula nêdha tunggil sameja dhatêng adminisêtratur kapal, bab prakawis anggèn kula nêdha mawi topi wau, pamrihipun ingkang gigat, supados kula dipun sukanana pêpèngêt dhatêng adminisêtratur sampun ngantos ngaping kalih patrap ingkang makatên, anitik kêncêngipun samantên anggondèli cara wau, kula takèkakên dhatêng prikônca kula, angsal katêrangan bilih satunggiling Walandi kang nalika mangkatipun angajawi numpak pangkat satunggal, samangke mantuk kapêksa numpak pangkat kalih. Nitik nalar punika sampun lêrês kemawon tuwan wau botênabotên. sagêd angampêt anggènipun badhe gigat, tiyang mawi pèt malih botêna kagigat, tiyang wontên ingkang ginêman sakêcap kalihan prikancanipun ingkang botên nêdha tunggil sameja kemawon, inggih dipun sêndhu, samantên kêncêngipun anggèning tuwan wau anggondhèli dhatêng cara.

Bibar nêdha sontên, manawi sampun sami nglêmpak ing panggungan, [pang...]

--- 98 ---

[...gungan,] sambènipun sami kemawon kados ing wêktu siyang, namung kaot botên wontên ingkang tilêm, kèndêl jam 9, Opmistêr pangkat satunggal tuwin opmistêr pangkat kalih, punapadene tukang cukur, padatan sami linggihan wontên sacêlaking tiyang, sabên tiyang punika sampun jagongan, para panumpak satunggatsatunggal. kalih tamtu wontên ingkang nyêlaki, pêrlu tumut omong-omong, salêbêting pajagongan manawi botên ngrêmbag prakawis lampahing baita, inggih gagêntosan sami mêdalakên cariyos, utawi lajêng sami cacangkriman, kala-kala manawi para panumpak ingkang tumut jagongan sawatawis kathah, salah satunggal tamtu lajêng wontên ingkang damêl ada, ngajak dolanan mawi dhadhu. Sintên ingkang kawon katamtokakên nawèni ngombe dhatêng ingkang sami jagongan ing ngriku. Manawi sampun wiwit dolanan dhadhu, padatan ngantos jam 10 utawi jam 11 sawêg bibar.

Wontên ing baita botên kirang sambèn, têdhanipun dipun eca-eca, pangruktinipun sae-sae, miwah kathahipun langkung saking mupakat, ewasamantên sarèhning sadaya wau ajêg, dados inggih angwontênakên raos bosên, kajawi dharatan, nadyan botên badhe angidak ing ngriku, sampun botên wontên ingkang sagêd nyirnakakên [nyirna...]

--- 99 ---

[...kakên] raos bosên wau. Mila botên kirang cuwa, sarêng lampahipun baita nrajang prênahing pulo-pulo Malêdipên, sakidulipun pongol tanah Hindhustan, pulo-pulo wau botên wontên ingkang katingal satunggal-tunggala. Paksi laut, ingkang nandhakakên lampahing baita cêlak kalihan dharatan, kawontênanipun kathah sangêt ingkang suwau namung katingal satunggal kalih, klintêran wontên sakiwa têngêning baita, kala-kala lajêng ngambang wontên ing toya, minggah mandhap manut lampahing alun, nanging dangu-dangu saya kathah ingkang katingal, sanginggiling baita kangge kakalangan, ing katêbihan katingal paksi pintên-pintên sami ulêng-ulêngan, gêntos-gêntos sami nyambêr dhatêng toya, bokmanawi nyaut ulam ingkang nuju ngambang.

Watawis sadasa dintên wontên ing samudra gung Indiya, lampahing baita sampun nyêlaki karang kobaripun tanah Aprikah, pongol ingkang malojok mangalèr ngetan, ing ngriku lampahing baita saya rongèh sangêt, amargi nugêl sawatawis dhatêng lampahing alun ingkang turut pasisiring tanah Aprikah ingkang sisih wetan, lumampah mangalèr dumugi ing sagantên Pèrsi. Agênging alun dede-dede, dèrèng nate kula sumêrêp alun ingkang [ing...]

--- 100 ---

[...kang] samantên agêng tuwin panjangipun, mêndhak ing toya ing antawisipun alun kalih sinawang saking baita ngantos kados lêngkèhaning jujurang, dene baita anggèning andhangak-andhingkluk sampun botên wontên kêndhatipun, miwah adêgipun ngantos sawatawis miring manêngên saking gêbaging alun, dintên wau kuakula. inggih mêndêm malih, nanging namung sawatawis, sanès-sanèsipun ingkang mêndêm inggih kathah, nanging inggih botên sangêt kados ingkang sampun, bokmanawi margi sampun sawatawis kulina dhatêng lampahing baita. Dintên wau anginipun agêng, langitipun pêtêng dening kandêling mêndhung, jawah ngantos kaping kalih, mila saupami ingkang alitan manah gadhah giris, inggih sampun lêrês kemawon.

Lêt sadintên, sênadyan alun tuwin anginipun taksih ajêg agêngipun, nanging lampahing baita suda sangêt rongèhipun, sababipun makatên wau, samangke lampahipun baita sampun kaegosakên mangalèr, dados gêbaging alun ingkang wingi taksih dawah ngiringan, samangke dhawah canthik ingkang wingking, mila kajawi suda rongèhipun, samangke baita prasasat angsal surung saking wingking. Dintên wau para panumpak inggih sampun botên wontên ingkang mêndêm, kapara sadaya katingal sami ningali dhatêng agênging alun, langkung malih sarêng sami sumêrêp,

--- 101 ---

bilih salêbêting alun asring katingal wontên ulamipun kathah.tumrapipun ingkang dèrèng nate sumêrêp, ingkang dados gumunan, ulam alit-alit ingkang sagêd mibêr kados paksi, sabên kalêrês wontên gêgêraning alun, ulam-ulam wau ingkang lampahipun gagrombolan ngantos èkêtan, kados paksi glathik ingkang badhe nêdha, tamtu wontên sakawan utawi gangsal ingkang milar saking toya, ngantos kintên-kintên sakawan utawi gangsal mètêr lajêng nglayang sadaya ambabar panjawatipun ingkang dumunung ing sakiwa têngêning lambung, angslup dhatêng toya malih.

Sadintên muput lampahing baita anglêr sinurung ing daya kakiyataning alun, ing wanci sontên sasuruping srêngenge, lampahipun Wilis saya nyêlaki pathuk pongoling tanah Aprikah, ingkang karan nama Kaap Gardafin. Nama wau têmbung Portêgis, têgêsipun, kang ngati-ati. Wontênipun kanamakakên makatên, ing kinanipun kathah sangêt baita ingkang kabilaèn wontên ing ngriku jalaran saking kalèntuning lampah, dèrèng nglangkungi pongol Aprikah, kakintên manawi pongol wau sampun kapêngkêr, baita kalajêng kêcêlakên kalihan dharatan, wasana saking agênging alun tuwin angin baita asring lajêng katatabakên ing parang, utawi kauncalakên ing dharatan, lêbur botên [botê...]

--- 102 ---

[...n] ngêkap, kèrêm utawi pêcah wontên ing parang. Miturut cariyosipun punggawa baita, ing sukuning pongol wau sampun nate kapasangan manara mawi dilah dening bôngsa Inggris, kangge pandoman baita ingkang lumampah ing ngriku kapara sampun kaping kalih, nanging sabên-sabên manara wau kajugrugakên dening bôngsa ing tanah ngriku, ingkang taksih kenging kabasakakên tiyang Wanan jêr taksih doyan dhatêng ulam tiyang, samangke ing ngriku dados botên wontên dilahipun ingkang kenging kangge pandoman lampahing baita, mila baita ingkang langkung ing ngriku ing wanci dalu, kêdah nikêli pangatos-atosipun, mênggah iktiyaripun baita-baita ingkang ngambah ing ngriku ing wanci dalu, samangke makatên, sabên sampun cêlak kalihan pongol Aprikah wau, canthiking baita ingkang wingking lajêng kapasangan kèrèkan, kangge ngandhapakên pirantos ngukur lêbêt cêthèking sangantên, pirantos wau ujudipun kados srotong, ing nglêbêt isi ukuran, samôngsa sampun dhawah ing dhasaring sagantên, sanalika lajêng katarik malih, sadumuginipun ing nginggil lajêng kapriksa wontên ing kamaripun Kaptin kapal, katitik jêroanipun, awêwaton pinanggihing pêpriksan, kaptin kapal lajêng sumêrêp, botên ngêmungakên lêbêtipun toya, nanging ugi jinisipun siti [si...]

--- 103 ---

[...ti] ingkang kadhawahakên ing pirantos wau, siti lêmpung punapa wadhas. Sabên saprapat jam, tambang kawat ingkang kangge nancang pirantos wau, kadhawahakên ing sagantên, manawi miturut pinanggihing petang, ingkang kaambah ing baita saya dangu saya cêthèk, punika pratôndha lampahing baita saya nyêlaki dharatan, dados pêrlu kêdah kaarah-arah sampun ngantos lampahing baita malèncèng saking margi ingkang sampun katamtokakên, pamrihipun, sampun ngantos baita kêblasuk dhatêng papan ingkang cêthèk, kandhas ing siti utawi notog ing parang curi, ingkang pucukipun botên katingal, saking katutupan ing toya. Mênggah pangênêripun margi ingkang sampun katamtokakên wau, inggih namung awaton saking gambar kar kanthi ngugêri ebahing tuding pandomaning kompas, manawi ing wêktu siyang kacocogakên kalihan pêrnah unggyaning surya ing wanci têngange, manawi ing wanci dalu kacocogakên kalihan pêrnah unggyaning kartika ingkang kenging kangge ancêr-ancêr.

Wiwit pun Wilis andhawahakên pirantos kangge anjajagi dhasaring sagantên, kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, wontên ing dintên tanggal kaping 1 Juli jam 9 dalu. Dhawahing pirantos mawi anyuwantên wèr, ngantos watawis [wata...]

--- 104 ---

[...wis] samênit, inggih punika suwantêning ubêngipun kèrèkan, ingkang kangge ngulur tambang kawat, ingkang môngka kênuring pirantos wau. Sabên grêg, kerekan sampun botên lumampah, bokmanawi pirantos sampun sumèlèh ing dhasaring sagantên, tambang kawat lajêng enggal katarik minggah sarana kaikal malih ing kerekan wau. Bêbau kapal ingkang nglampahakên kerekan, manawi ngulur cêkap namung tiyang satunggal nanging manawi ngikal, asring botên rampung tiyang kalih. Botên saking awrating pirantos, nanging saking saya panahanipun toya dhatêngbarang ingkang katarik minggah.

Para numpak botên kirang ingkang sami mêrlokakên ningali patrap pangukuripun lêbêting sagantên wau, nadyan panumpak pangkat satunggal, ingkang manggèn ing baita sisih ngajêng, inggih salong wontên ingkang karaya-raya dhatêng ningali.

Dalu wau asrêpipun langkung saking padatan, amargi anginipun agêng, nanging kalêrêsan lampahing baita mangalèr, dados prasasat nyurung dhatêng baita, pramila dalu wau lampahipun pun Wilis inggih langkung rikat saking padatan, sanadyan alunipun taksih agêng, pun Wilis prasasat tanpa ebah. Adêgipun pun Wilis miring manêngên sawatawis, [sa...]

--- 105 ---

[...watawis,] kados baita layar manawi angsal angin saking wingking sisih kiwa, nanging tumprapipun para panumpak, botên dados sabab punapa-punapa, sabab lampahipun baita ajêg anglêr tanpa gonjing sakêdhik-kêdhika.

Dalu wau panikungipun baita angeringakên pathuk pongol tanah Aprikah, wilujêng tanpa sangsaya, enjing para panumpak tangi, sampun sagêd sumêrêp sagantên lètèr tanpa alun, tanpa ombak, waradin kados toya winadhahan ing jêmbangan, namung manani wontên silir, bulakaning toya lajêng katingal isi garis panjang, rintik-rintik kados jêngkêrutipun bathuking tiyang ingkang mancêrêng, tuwin sakiwa têngên punapadene sawingkingipun baita katingal wontên tapak panêraking baita ing bulakaning toya, anjêlarèh enggok-enggok kados kumitiring gombyok layangan, ingkang kaundha angsal angin sawatawis agêng.

Enjing wau pun Wilis sampun wontên ing sagantên Adhên (dê golf van Adên) dados sampun mêdal saking sagêntên agêng. Wontênipun ing ngriku botên wontên alun, sabab ilining sagantên ingkang turut tanah karang kobaripun Aprikah sisih wetan, sadumuginipun pongol Aprika ingkang pojok lèr wetan, lajêng mangalèr

--- 106 ---

mangetan, lêrês dhatêng ing sagantên Pèrsi, dados sagantên Adhèn wau saistha suwakan sapinggiring lèpèn, ingkang angsal tampinging sisih kidul, pongol Aprika ingkang kawastanan ujung Garda fui ing sisih lèr pongol tanah Arab pojok kidul wetan, kawastanan tanah Adramaut.

Rêdi-rêdi ing pêsisir Aprika sagêd katingal cêtha dumugi jam 8 enjing, salajêngipun saya lamat-lamat ngantos ical saking pandulu, jam 9 ingkang katingalan kantun toya kalihan langit malih kados nalika taksih wontên ing samodra gung.

Sadintên muput sagantênipun lètèr kados sinipat, dalu ing wêktu para panumpak sami kêmpal nêdha, sanginggiling piyano ingkang wontên ing kamar nêdha, kapasangan balabag cêmêng mawi sêratan, mungêl manawi benjing-enjing wanci jam 9 pun Wilis badhe ngandhapakên sêrat-sêrat pos ing kitha Perim, sintên para panumpak badhe nglampahakên sêrat pos, sêratipun sagêd tumut kaandhapakên ing kitha Perim, awit saking punika sabibaripun nêdha, para panumpak kathah ingkang lajêng nyêrat, sarampungipun lajêng dhatêng kamaripun Opmistêr, tumbas prangko, manawi sêrat sampun katèmplèkakên prangko, kenging lajêng [la...]

--- 107 ---

[...jêng] katampèkakên dhatêng Opmistêr, utawi kalêbêtakên kiyambak dhatêng bus wadhah sêrat, ingkang dumunung sacêlaking tiyang. Salêbêtipun wontên ing baita, prangko ingkang kangge nglampahakên sêrat, taksih kenging ngangge prangko Indiya Nêdêrlan.

Enjingipun, dintên Kêmis kaping 3 Juli ngajêngakên wanci nêdha siang, pulo Perim sampun katingal sabibaripun nêdha saya langkung cêtha malih, amargi saya langkung cêlak, mênggah wujudipun pulo wau, botên [m]bêjaji sangêt, agêngipun botên sapintênna, kintên-kintên gangsal pal pasagi, sitinipun padhas, hawanipun saklangkung bêntèr, ngantos botên wontên kêkajêngan satunggal-tunggala ingkang thukul wontên ing ngriku.

Pulo Perim wau sadèrèngipun dipun pêndhêt bôngsa Inggris, salaminipun inggih suwung, botên wontên ingkang purun manggèn ing ngriku, sarêng kabawah dhatêng Inggris, ing ngriku lajêng dipun êdêgi sêtatsiyun arêng sela, kados ing kitha Adhèn, ugi bawah Inggris, ingkang wontên salèripun pulo Perim,dumunung ing pasisiripun tanah Arab, ingkang kaprênah sisih kidul wetan, mênggah pêrlunipun ing ngriku dipun êdêgi gudhang arêng sela, supados ing wêktu prang baita-baita prang nagari Inggris,

--- 108 ---

wontên ing ngriku sagêt ngêjogi sangunipun arêng sela, dene ing wêktu botên pêrang, arêng sela ingkang katandho ing ngriku, pêrlu badhe ngêjogakên sangunipun arêng sela, supados sagêd anglajêngakên lampahipun.

Jam 1 pun Wilis ngancas dhatêng palabuhan Perim mêndhêt sipatan tugu pêthak kalih iji, ingkang kapasang nganjêng wingking lêt têbih wontên sapinggiring palabuhan, sadhêngah kapal ingkang badhe lumêbêt ing palabuhan Perim, katamtokakên ngancas ancêr-ancêr tugu kalih wau, supados botên kalêntu ngambah prênah ingkang cêthèk, dados sabên tugu kêkalih wau, kasawang saking baita sampun katingal sipat ngajêng wingking kados sungsun, baita lajêng kenging ngancas dhatêng palabuhan, botên pêrlu kuwatos manawi kalêntu marginipun.

Ing swamipaning palabuhan sisih ngajêng, anjaganggrang wontên ragangan baita ingkang kandhas wontên ing ngriku, sadaya ingkang wujud kajêng, rupinipun sampun dipun pêndhêti, dados samangke kantun ragangan wujud waja wêsi, nanging nadyan makatên mêksa taksih katingal sipat baita, sabab saking lambung taksih wêtah, pipa inggih dèrèng ewah. Baita wau kacariyos sampun sawatawis taun dipun togakên kemawon, [kema...]

--- 109 ---

[...won,] amargi saupami karujat prabeyaning pangrujat botên badhe kubuk kalihan kukupanipun, mila ingkang kenging kakukup, isining baita dalah sadaya barang kajêng, inggih sampun dipun pêndhêti sadaya, nanging ingkang kangèlan pamêndhêtipun, katilar botên kamanah malih, kaanggêp barang ical. Baita wau kacariyos asli baita dhit, kandhasipun ing ngriku wêktu dalu nuju alun agêng, ingkang nyêpêng pangrèh ing kapal kirang sêtiti pamanahipun dhatêng ancêr-ancêr tugu kalih, ingkang kacariyos ing nginggil wau. Untung dene sarêng baita kandhas botên notog ing parang, nanging prasasat kasêlêhakên wontên ing pasisir, dados inggih botên pêcah, awit saking punika ingkang sami numpak inggih sagêd katulungan sadaya saking dharatan, tanpa ngantos wontên papêjah, dalah momotanipun kapal, sadaya taksih kenging kakêkap.

Salêbêtipun wontên ing baita kathah sangêt warni-warnining gêgujêngan, tuwin rêmbag balondrongan, sarta botên sakêdhik ingkang ngantos kenging kawastanan apus-apusan, dene ingkang purun ngêcakakên makatên punika, botên ngêmungakên panumpak dhatêng prikancanipun kemawon, nanging para punggawa kapal ugi kathah ingkang tumut [tumu...]

--- 110 ---

[...t] wudhu. Rêmbag wau sarèhning dumunung gêgujêngan, inggih botên nyakitakên manah, ewasamantên botên kirang ingkang mêksa sagêd damêl cuwaning manah, kados ta: rêmbagan ingkang badhe kula cariyosakên ing ngandhap punika, sintên tiyangipun botêna mastani manawi punika apus-apusan.

Ngajêngakên dumugi ing Perim, salah satunggiling punggawa kapal wontên ingkang sanjang dhatêng para panumpak, bilih tukang telegram ing baita, nampêni telegram markoni (tanpa kawat) saking Perim, suraosipun para panumpak ingkang sagêd main futbal, sadhatêngipun ing Perim dipun purugi dhatêng para Wêlandi Inggris, ingkang sami wontên ing Perim, kapurih main mamêngsahan kalihan piyambakipun. Mirêng kabar makatên, para panumpak ingkang sami sagêt main Futbal manahipun gambira, sanalika mangsuli manawi purun mêngsahan main kalihan bôngsa Inggris, tukang telegram lajêng mangsulana kemawon, bilih ulêmipun bôngsa Inggris sampun dipun tampèni klayan suka bingah ing manah. Para panumpak ingkang rumaos nampèni panantang, sadaya lajêng sami nglêmêsakên sukunipun sarana nyepaki gulungan gombal, manawi dalu ngajêngakên mapan tilêm, sukunipun dipun gosok ing lisah sêlat, wontên ingkang

--- 111 ---

ngantos ngêthok calananipun supados cancing manawi kangge main, sadintênipun botên wontên malih ingkang kaginêm, kajawi anggènipun badhe main futbal, dumugi ing palabuhan Perim, para mêmpêng futbal wau katingal sami mêmpêng-mêmpêng, kasêsa badhe main, baita dèrèng labuh sampun wontên ingkang nyangking kopêr isi panggangge main futbal, wontên ingkang sangu jêruk badhe kangge jampi ngêlak, wasana sarêng dumugi ing dharatan, sadaya sami kacelik, papan kangge main futbal malih wontêna, tiyang Walandi Inggris ingkang wontên ing ngriku namung kalih, satunggal ingkang mangagêngi gudhang arêng, satunggalipun dhoktêr, wontên malih nyonyah, bojonipun dhoktêr wau, padamêlanipun ugi dhoktêr.

Labuhipun Wilis wontên ing palabuhan Perim, botên sagêd mèpèt ing dharatan, sintên ingkang badhe mandhap ing dharatan dados kêdah numpak baita alit, ingkang winêlahan tiyang 4 utawi 6, gangsal utawi pitu dalah juru kumudhinipun, kula kalihan prikônca satunggal, juragan damar sela.

Salabuhipun Wilis wontên ing palabuhan Perim, botên antawis dangu lajêng kadhatêngan baita motor isi Walandi kalihan nyonyah, dhoktêr ing kitha ngriku,

--- 112 ---

sarêng tiyang kêkalih wau dumugi ing kajoganing baita, para opsiring kapal lajêng nglêmpakakên para panumpak, para punggawa baita dalah para bêbau, sadaya kapurih gêntos-gêntos lumampah langkung ngajêngipun Walandi kalihan nyonyah wau, sintên ingkang katingal pucêt utawi kirang sêgêr badanipun, lajêng kapriksa ugêl-ugêlipun kagrayangan badanipun utawi kapriksa ilatipun, pinanggihing pêpriksan, sarêng sadaya sampun majêng, botên wontên ingkang pinanggih sakit, ing kamar sakit inggih wontên isinipun tiyang tiga, ananging sarèhning sakitipun sakit limrah sanès sêsakit ingkang sagêd nular, mila inggih botên kadadosakên sabab. Pêpriksaning dhoktêr wau botên dangu, watawis 20 mênit sampun rampung, sintên ingkang sumêdya mandhap dhatêng kitha Perim, samangke sampun kenging. Saupami ing baita pinanggih wontên tiyangipun ingkang sakit kolerah, cacar utawi pès, saèstunipun inggih botên ngamungakên para panumpak botên kenging dhatêng dharatan kemawon, nanging pun Wilis katamtokakên kêdah manjêr gandera jêne, tôndha manawi ing baita wontên tiyangipun ingkang sakit sagêd nular ing liyan. Dhatêng kula, kados ingkang sampun [sampu...]

--- 113 ---

[...n] kula cariyosakên ing nginggil, ajak-ajakan sêsarêngan dhatêng ing dharat, piyambakipun ingkang sagêd ing têmbung Inggris, lajêng ngundang baita, ngawis nambangi kalih prang (kalih ukon) wongsal-wangsul saking ing baita dhatêng dharatan, sasampunipun dipun ajêngi kula kalihan juragan wau lajêng mandhap mêdal undhak-undhakaning baita inggih ing baita alit, ingkang lajêng kadayung dhatêng dharatan. Ingkang sami andhayung punika sadaya tiyang Abêsi, kulitipun cêmêng mêlês, rambutipun brintik cêmêng utawi abrit, dipun ingah sawatawis panjang, ngantos katingal kados têkês, dene panganggènipun tiyang wau cara matrus kapal, aclana panjang pêthak arasukan cêkak pêthak, mawi gèmblèh biru ing gêgêr botên mawi topi, wicantênanipun pating caruwok botên mangêrtosakên, nanging sadaya sakêdhik-sakêdhik sagêd têmbung Inggris, salêbêtipun andhayung sadaya pandhayung dalah juru kumudhi sami ura-ura sêsarêngan, lagunipun kados lagu Arab, sabên dhawah dhumawahing wêlah dhatêng ing toya sadaya sawi ambêkuh sêsarêngan, nyuwantên e, utawi o, murih sagêda sarêng anggènipun andhawahakên dhayung dhatêng ing toya.

Salêbêtipun taksih wontên ing baita, kula inggih sampun kraos bêntèr, langkung-langkung sarêng wontên ing dharatan,

--- 114 ---

bêntèripun kados tikêl raosipun dhatêng badan, kula ningali termomètêr, bêntèripun langkung saking 90 grad farênheit, lêrês kemawon manawi ing sabên dintênipun bêntèripun samantên, inggih botên wontên kêkajêngan ingkang sagêd thukul wontên ing ngriku, ulês ijêm dados inggih sêpên babar pisan ingkang katingal namung pêthaking pasir, kalihan jênening parang-parang. Griya-griya ulêsipun ugi pêthak, payonipun lètèr ugi kalabur pêthak, tiyangipun ingkang kathah cêmêng, tiyang Hindhu ingkang kulitipun sawatawis abrit, wontênipun namung sakêdhik, dene panganggenipun sadaya racak pêthak, wontên ingkang mawi udhêng gilig, nanging mèh sadaya botên wontên ingkang mawi rasukan.

Mênggah ingkang katingal wontên ing pulo, inggih namung rêdi padhas alit-alit, sarèhning botên wontên thuthukulan ingkang sagêd gêsang, wujuding rêdi wau inggih amblindhis kados gundhul plinthisan, ing sapinggiring palabuhan kathah gudhang-gudhangipun wadah arêng sela, griyanipun kuli-kuli kêmpal dados sakampung, nanging bosah-basih botên wontên labêtipun mawi katata prênah-prênahipun, têtingalan ing ngriku sêpên pabrik-pabrik sêpên, kajawi namung wontên satunggal, pabrik Ês. Kula dalah para prikônca [prikô...]

--- 115 ---

[...nca] panumpak ingkang sami mandhap dhatêng ing dharatan, sasampunipun ningali kampung kuli, lajêng sami anjujug dhatêng griya hotèl, griya hotèl wau sawatawis agêng mawi panggungan, griya ngandhap kangge toko minuman sarta kabêtahanipun tiyang gêgriya, griya nginggil kangge papan nêdha utawi jagongan, ing ngriku wontên mejanipun bolah agêng satunggal, ing meja sacêlakipun meja bolah wau kathah sêrat-sêrat koran tuwin koran ingkang mawi gambar warni-warni. Nitik sangaring pulo tuwin sakêdhiking bôngsa Eropah ingkang wontên ing ngriku, pancèn ngeram-eramakên, dene ing ngriku wontên hotèlipun ingkang samantên agêngipun, wontên ing griya nginggil hawanipun beda sangêt kalihan manawi ngambah siti, bokmanawi kajawi saking angsal angin, bêntèring siti botên sagêd minggah dumugi ing panggungan wau.

Sawangan ing pulo Perim botên wontên ingkang sagêd damêl sênênging manah, griya-griya ingkang wêwangunanipun sadaya sari, apayon papakan, ulês byur pêthak, mêh sami kalihan pêthaking siti, sakêdhap lajêng adamêl bosênipun ingkang nyawang. Ingkang sami dolan wontên ing palataran sangajênging hotèl, lare-lare kathah wujudipun cêmêng, panganggenipun namung cawêtan utawi kathokan,

--- 116 ---

pating cruwèt sabên wontên panumpak dhatêng dipun athungi sêsadeyanipun, warni mêrjan utawi oncèn-oncèn kijing, manawi dèrèng dipun tumbasi tansah ngêtut wingking kemawon, purunipun kesah manawi sampun kasêntak kaping kalih, utawi kaping tiga. Tiyang èstri satunggal botên wontên ingkang ngatingal, bokmanawi kabêkta saking caranipun ing ngriku, tiyang èstri botên kenging ngatingal ing ngakathah, nêtêpi anggêring agami Islam ing tanah Arab.

Para panumpak sasampunipun watawis sajam, anggènipun main bolah utawi linggihan ing panggungan hotèl, jajan minuman, nyambi ningali saking nginggil dhatêng lare-lare ingkang sami wontên ing ngandhap, sami anggiring menda utawi angrubung unta, sadaya lajêng sami wangsul dhatêng baita malih, lêga dene nadyan namung sakêdhap, sampun ngambah dharatan, mêntas kumambang ing toya langkung saking 10 ditên,dintên. tanpa mawi sumêrêp jaliriting dharatan, lampahing baita ingkang dipun dhayung bôngsa Abêsi, wontên ing margi dhatêng panggenan labuhipun pun Wilis, simpang-simpangan kalihan baita agêng awangun kados sigaran sêmôngka, isi tiyang watawis sèkêt, namung cawêtan kemawon, mawi kudhung sinjang ingkang wiyaripun watawis sakêmbên, mawi kakoncèrakên [kakoncèra...]

--- 117 ---

[...kên] dhatêng wingking, baita wau baita wadhah arêng sela. Nanging samangke sampun kothong, jêr isinipun mêntas kemawon kainggahakên dhatêng Wilis, dene tiyang-tiyang samantên kathahipun wau kuli ingkang ngusungi minggahipun arêng saking baita dhatêng pun Wilis, sarana dipun usungi wontên salêbêtipun kranjang. Sadaya tiyang wau nadyan kawistara manawi sampun sayah, nanging nitik saking raganganipun pancèn kuwawi-kuwawi, botên anèh manawi kuwawi anyambut damêl awrat mawi kenging hawa ingkang samantên bantêripun, wujudipun tiyang wau inggih botên kirang anjêlêbus, dening gupak balêbu balêduging arêng sela, cawêt utawi kudhungipun ingkang kintên kula rumiyin sinjang pêthak, saking rêgêdipun botên katingal sinjang, nanging kados gombal cêmêng.

Dumugi kajoganipun Wilis, sawêg kemawon rampung anggènipun Wilis nginggahakên arêng sela, kangge ngêjogi sangunipun, baita arêng panunggilanipun ingkang kula sumêrêpi wontên ing margi wangsul kula dhatêng Wilis, sawêg kemawon nilar lambungipun Wilis, wangsul dhatêng panggenan gudhang arêng, sarana kagèrèt ing baita, botên dangu pun Wilis tamtu badhe lajêng bidhal malih, nglajêngakên lampahipun dhatêng sagantên Abrit (Rooede zee.)

Sadhatêng kula kontên-kontêning baita Wilis taksih

--- 118 ---

sami katutup, panggungan taksih dipun gêbêri tendha, murih sampun ngantos kalêbêtan balêdug arêng sela, êwasamantên kajoganing panggungan, hèk lampinging panggungan tuwin kursi-kursi kajêng ingkang botên katutupan ing gêbêr, inggih mêksa kenging ing balêdug sadaya, langkung malih tiyang-tiyang ingkang sami nyambut damêl salêbêtipun arêng taksih dipun usungi, sandhanganipun ngantos katingal kluwuk-kluwuk dalah rainipun katingal kados pupuran arêng lalamatan, nadyan kula saprikônca ingkang sami dhatêng sasampunipun arêng rampung malêbêt ing Wilis sadaya sakêdhap inggih lajêng tumut kenging rêgêd, saking kasupèn tangan anggêpok hèk utawi badan lendhotan gêbyog.

Salêbêtipun pun Wilis dèrèng mangkat, kajoganing baita taksih kêbak tiyang, para panumpak atanapi para punggawa baita sami angungak mangklung ing hèk, ningali dhatêng baita alit-alit, ingkang wontên sakiwa têngênipun Wilis, botên antawis dangu para pandhayung bôngsa Abêsi ingkang nambangi dhatêng dharatan wau, lajêng sami minggah ing baita, pêrlu ambarang dhangsah, tanpa wontên ingkang akèn, sadaya lajêng jingklak-jingklak kalihan mênyanyi, mawi kala-kala anglumba kalihan dipun sarêngi kêplok, sabên mêntas dipun sukani salah satunggiling panumpak, arta sakêthip [sakê...]

--- 119 ---

[...thip] utawi satangsul, sadaya lajêng wiwit dhangsah malih.

Mungêl sêmprit sêpisan, bôngsa Abêsi ingkang sami ambarang wau, lajêng kapurih mandhap saking baita. Sêmprit ambaung ingkang kaping kalih baibabaita. alit ingkang sami nèmplèk ing lambungipun pun Wilis, lajêng sami kesah wangsul, dhatêng dharat, sêmprit kaping tiga pun Wilis mingêr, lajêng mangkat mêdal saking palabuhan dhatêng ing sagantên Abrit.

Sagantên Abrit punika sagantên ingkang malojok ngalèr ngilèn kaapit-apit tanah Arab kalihan tanah Aprikah ingkang sisih lèr wêtan, ing pungkasipun lèr kilèn sagantên wau ngantos dumugi tanah Mêsir (Egiptê) sarta ing ngriku sitinipun sampun kasusuk kangge margi baita, kaanjogakên ing sagantên Middellandsche zee inggih punika ingkang kawastanan Kanaal van Suez wontênipun sagantên wau kanamakakên sagantên Abrit, kacariyos toyanipun sagantên ing ngriku kala môngsa sagêd abrit. Miturut pêpriksanipun para sarjana, abriting toya wau labêt saking ulêsing thuthukulan samodra ingkang kumambang ing toya, wujudipun alit-alit, nanging kathah sangêt ngantos asring sagêd katingal ngêbaki palètèraning sagantên ing ngriku.

--- 120 ---

Bab kaping sakawan

Salêbêtipun pun Wilis ngambah sagantên Abrit, kula waspadakakên toyanipun ing ngriku inggih pancèn wontên bedanipun, saking sawangan kula toyanipun kirang bêning, kala-kala ngantos katingal rêgêd, sakiwa-têngêning baita asring katingal kados wontên blumbangan wiyar, ingkang toyanipun ulês jêne rêgêd, bokmanawi inggih toya punika ingkang kalamôngsa sagêd katingal abrit, ngantos sagêd andadosakên karanipun Sêgantên Abrit.

Pun Wilis nilar pulo Perim lajêng wiwit ngambah sagantên ingkang môngka watêsipun sagantên Adhèn kalihan sagantên Abrit, inggih punika kawastanan ing têmbung Arab: bab Êlmandhèb (gapuraning luh) sasampunipun katarajang, ing ngriku lajêng ngambah sagantên Abrit.

Saicalipun pulo Perim saking pandulu ingkang katingal kantun langit kalihan toya malih, enjingipun ngantos sadintên muput lêstantun makatên, dintên ingkang kaping kalih makatên ugi, nanging sarêng dintên ôngka katiga, ing keblat lèr katingal wontên dharatan anjalirit, inggih punika pasisiring tanah Arab ingkang sisih kidul, saupami lampahipun pun Wilis radi sawatawis mangalèr, kacariyos, [ka...]

--- 121 ---

[...cariyos,] kitha Jedah, kitha palabuhanipun tanah Mêkah tuwin Mêdinah, sagêd katingal griya-griyanipun, manawi wêktu dalu inggih sagêd katingal dilah-dilahipun, sarèhning pun Wilis lampahipun botên mêdal ing pinggir, bokmanawi saking ambujêng enggaling lampah, dados sadintên muput tanah Arab inggih lêstantun namung katingal sajalirit, panggêng botên mindhak wiyar botên mindhak panjang.

Salêbêtipun ngambah sagantên Abrit, pun Wilis simpang-simpangan kalihan baita langkung saking gangsal nglancangi baita watawis wontên saking sadasa, dipun lancangi namung sapisan, dados yêktos manawi lampahipun pun Wilis pancèn rikat. Baita-baita ingkang dipun lancangi lampahipun dening pun Wilis utawi ingkang kapêthuk wontên ing margi, saking têbih ing prênahipun, asring botên katingal banderanipun, nanging manawi kalêrêsan sagêd cêlak, inggih ngantos sagêd maspadakakên gantra-gantraning satunggil-tunggilipun tiyang utawi barang. Manawi ing wêktu dalu, têbiha, cêlaka, kenging kawastanan botên wontên prabedanipun, jêr ingkang katingal namung dilah-dilahipun, môngka têbih cêlaking antawis botên ngewahi dhatêng mompyor-abyoring dilah-dilah wau.

Saya mangalèr saking sipat garis kêndhiting jagat, rainanipun [raina...]

--- 122 ---

[...nipun] saya dangu, jam gangsal ènjing sampun pajar, andungkap jam pitu sontên srêngenge sawêg surup, kajawi punika saya cêlak kalihan laladan tanah Mêsir (Egiptê) saya sae sulak-sulaking langit ing wanci sontên, ing wêktu angsluping srêngenge dhatêng kèblat kilèn, ingkang awit bêntèring sagantên wêdhi ing buwana Aprikah, ingkang prênahipun kalêrês wontên sakilènipun nagari ing Mêsir, kados gadhah daya ingkang sagêd anuwuhakên ulês warni-warni dhatêng sawiyaring langit ing pêrnah surupipun Hyang Pradônggapati.

Kirang lampahan sadintên dumugi ing laladan Mêsir, ulêsing ngawiyat ing keblat kilèn, ing wêktu badhe angslupipun Hyang Bagaskara dhatêng imbang pracima, sakalangkung dening endah. Wiwit Hyang Haruna gumlewang dhatêng kikising wiyati, ing lêrês prênahipun sagantên wêdhi ingkang karan Saharah, langit sakeblat kilèn katingal sumêblak ulês jêne, sumunar kados kancana sinangling, sasuruping arka sunarpita wau saking sakêdhik lajêng malih sampun warni rêkta, sumilak malèrèh kados wahananing sorot pawaka, ingkang murub makantar-kantar, nêdya nyundhul luhuring antariksa, botên antawis dangu, bêbasan sakêdhap netra, ulêsing keblat kilèn wau sampun santun warni, saindênging pracima kados jinèrèngan ing cahya sap-sapan tundha tundha, [tu...]

--- 123 ---

[...ndha,] sap ing ngandhap piyambak ulêsipun abrit sawo matêng, minggah sakêdhik dados papasan matêng, minggah malih abrit dalima, lajêng jingga, jambon, nyandhak kapuronta, minggah malih saking sakêdhik lajêng malih dados jêne sêpah ngunir bosok, minggah-minggah saya tipis ngantos dados jêne nèm, anjanur kuning wusana dumugi têngah-têngahing madyantara lajêng dados biru nèm carub wor kalihan ulês biru ing ngakasa. Saking jêdhêg kula, ngupados tatêmbungan botên sagêd angsal, sontan-santuning ulês ing ngawiyat wau kula têmbungakên sap-sapan, salêrêsipun pancèn kêdah botên kenging katêmbungakên makatên, amargi malikipun satunggil-tunggiling ulês dhatêng ulês sanès, botên nyêklèk nanging saking sakêdhik, dados carubing ulês wau prasasat mili têtêmpuran, mila manawi katêmbungakên sap-sapan, tundha sungsun, utawi tumpuk-tumpuk, lêrêsipun inggih botên kenging jêr pilah-pilah ulês pancên botên kenging kawatês-watês. Warni-warnining ulês-ulês wau rupinipun botên kados padatan ingkang sampun kula sumêrêpi, sadaya sunaripun gumilang-gilang, kimpling-kimpling kados bêninging toya, mila inggih kula têmbungakên cahya, mênggah lêlangêning langit ing tanah Jawi ingkang sagêd damêl ascaryaning manah, punika ulêsing [ulê...]

--- 124 ---

[...sing] ima ingkang kenging gêbaging sorot diwangkara ing wêktu bangun raina utawi surup surya, dene ingkang kula sumêrêpi samangke punika, sanès ulêsing ima, nanging ulêsing akasa, ingkang kapulas manca warni dening dayaning hawa, wahananing sumupipun bêntèring samodra pasir, mila lêrês kemawon kula rumaos sakatêmbèn sumêrêp sawangan punika. Sadanguning lêlampah wontên ing samodra rêkta, wiwit enjing dumugi sadintên muput, ngantos pêndhak enjing malih, kajawi ing ngakasa botên wontên mega katingal, langkung malih mêndhung babar pisan botên wontên, mila tanah sakiwa-têngêning samodra ing ngriku sitinipun inggih sakalangkung cêngkar dening sêpêning warsa. Manawi ing ngriku salêbêtipun sataun wontên jawah kaping tiga, punika têtiyangipun siti kacarios sampun rumaos manggih bêgja. Nglajêngakên cariyos kula bab langêning langit, bêbasan nginanga durung abang, warni-warnining ulêsing ngakasa sampun malih santun rupi malih, sauruting keblat kilèn samangke malerah abrit kados kasulakan soroting giri dahana, namung kaot dene pêcahing sorot botên saking ancêr satunggal, nanging taksih satata sap-sapan kados ingkang kacariyos ing nginggil, sap-sapan wau minggah-minggah, saking ulês sêpuh, saking sakêdhik [sakê...]

--- 125 ---

[...dhik] rumamyang saya ênèm, wiwit abrit ingkang kados ludira matêng, minggah-minggah kandêling abrit saya tipis, ngantos salin malik dados jêne, sakawit jêne kados prada binabar, dangu-dangu dados jêne maya-maya, ingkang dumugi têngah-têngahing madyantara tumuntên tumêmpur dhatêng ulês biru ing ngakasa, ingkang ambalabar mangêlebi saindênging keblat purwa, untara lan duksina. Dèrèng tuwuk anggèn kula nyawang lêlangêning pracima, warni-warnining ulês sampun malih rupi malih, ulês ingkang wontên ngandhap piyambak abritipun saya sêpuh, mèh andungkap dhatêng kêthèl, cacahing sap-sapan suda kathahipun, ulês abrit wau samangke lajêng bêbasan tanpa mawi antan-antan, tumêmpur dhatêng ulês jêne sêpuh, jêne sêpuh wêkasan tumêmpur dhatêng biru, ingkang saya sêpuh saya mêlês, andadosakên sakalangkung murub soroting kartika, ingkang sami jumêdhul barubulan, pating karêlit, pating galêbyar, pinda sosotya nawarêtna ingkang dhinasaran ing waja wêrdi. Ing ngriku sêpêning pasawangan taksih kawimbuhan wujuding wulan tumanggal ingkang sampun ngayom mangilèn, sorotipun gumilang-gilang sumuluh wêning, dalah bageyan salêbêting wêngku bundêraning côndra ingkang dèrèng sagêd ambucal sorot, punika ugi sampun katingal sumilak wêning. Mênggah ingkang damêl sangêt [sa...]

--- 126 ---

[...ngêt] ascaryaning manah kula dene têka sanès têmên soroting tanggal punika katimbang kalihan ingkang sabênipun kula sumêrêpi ing tanah kalairan kula, pupanata: mênggah darunanipun, dene sênêning sunaripun têka sagêd ambabar sulak wêning ingkang samantên wênêsipun, punapa kaendahan punika ugi taksih gêgayutan kalihan wahananing daya bêntèring hawa ing samodra pasir. Wontên malih ingkang nambahi asrining pasawangan, inggih punika dilah ing mênara ingkang katingal gêbyar-gêbyar wontên sukuning ardi, ingkang nglojok têbih dhatêng têngahing tasik, dilah wau manawi kaèmpêr-èmpêr, katingal kados netraning janma ingkang mêrêm mêlik, amargi mungguling rêdi, ngongkangipun dhatêng sagantên, kalêrêsan mèmpêr sangêt kalihan sêsipatan mukaning janma, ingkang miring tumênga ing ngakasa. Urubing dilah, byar sumorot pêthak ngantos sawatawis dangu, lajêng pêt sakêdhap, byar malih, samangke santun sorot abrit, makatên salajêngipun, pindha janma ingkang arip, sabên layap-layap tansah kêgugah dening kagèt ing swabawa. Soroting dilah wau saya dalu saya ngêlam-lamakên, manawi nuju sumorot pêthak, sorotipun mantun kados pêthaking lintang karainan, nanging sumuluh sulak ijêm maya-maya, dene manawi nuju sumorot abrit, mantun kados [ka...]

--- 127 ---

[...dos] abritipun netraning angga rapuh, nanging ngantos kados abriting sangkelat, saya cêlak kalihan prênah panggenaning mênara, sêlot agêng katingalipun urubing dilah, manawi nuju sumorot pêthak, pancorong sorotipun kados suluhing pancêr raina ing wanci sawung kaluruk kaping tiga, manawi nuju sumorot abrit, crêmomong sunaripun angagêtakên, dene angwontênakên gagasan dhatêng sakula tiyang Jawi, kados sumêrêp mawèntèhan wujuding banaspati sawêg jumêdhulipun saking bantala, manut cariyosipun ki dhalang ringgit purwa, manawi nuju ngocapakên isèn-isèning wana Krêndhawahana, inggih kahyangan ing Setra Gôndamayu, manawi kula cariyosna sadaya mênggah langên-langêning antariksa saking sontên wau, endahipun kêkuwunging pracima ingkang tumpuk-tumpuk têmpuk tatêmpuran ulês, ing ngandhap sinôngga ing gêdhah ing samodra, ing nginggil tinindhihan biruning akasa, kintên kula dangu pêdhotipun, botên kula piyambak ingkang kascaryan nyawang kaendahaning kodrat ingkang kados makatên wau, saking panyawang kula, sadaya prikônca kula kesahan ugi makatên, tandhanipun kula sawang ulatipun sami katingal pajar, satunggal botên wontên ingkang gadhah ulat pêtêng. Sintên [Sintê...]

--- 128 ---

[...n] ingkang pajar ulatipun mokal manawi botên sênênga manahipun, amung para punggawa ing baita ingkang saèstunipun sampun botên katêmbèn sumêrêpipun dhatêng têtingalan ingkang kados makatên wau, kathah ingkang katingal botên manah babar pisan, ewasamantên dayaning sorot sênêning côndra mêksa inggih sagêd nabêti dhatêng para punggawa wau, sadaya katingal gadhah sêmu sumèh ing pasêmonipun, awit saking punika mèh sipat tiyang ing baita inggih anglairakên raosing manahipun sarana rêngêng-rêngêng, kula piyambak inggih botên kantun, tanpa nyana, sumêrêp manawi kula nyêkar Côndra Kusuma, sarêng kula kagêt ing swantên kula piyambak, mungêl: kalangkung ing trêsnanira, marang Dyah Banon Cinawi, môngka pisah unggyanipun, dumugi samantên têntrêming manah lajêng ebah sawatawis dening kèngêtan dhatêng para kadang warga, raosing manah lajêng anyês atis, rumaos manawi ijèn têbih sanak sadhèrèk, nanging makatên wau inggih namung sakêdhap sangêt bêbasan sagêbyaring kilat, sabab raosing manah ingkang makatên wau, mèh sami sanalika sagêd lipur dening pangudaraos: bok kang padha dak trêsnani kabèh bisa padha ana ing kene, kêna dak ajak nyawang kaendahaning kodrat kang samene adine. Wujudipun ingkang sami [sa...]

--- 129 ---

[...mi] kula trêsnani sakala lajêng katingal ing gagasan, satunggal-satunggal gêntos-gêntosan. Manawi nuju katingal ingkang dados woding tyas tanpa kenging katahan malih, salêbêting sanubari raosipun kumênyut ingkang tanpa pipindhan, wosing manah botên liya namung botên tega. Mindhak kapanjang-panjang manawi botên kula cupêta samantên, sakiwa têngên kula botên kirang para panumpak ingkang katingal lam-lamên dhatêng asrining sontên wau, wontên ingkang ngadêg jêgrêg ngantos dangu, wontên ingkang mlampah akalihan rêngêng-rêngêng, sawênèh wontên ingkang linggih kursi, kawistara manawi angèn lampahing gagasanipun, wanci ngajêngakên jam 9, tanggal sampun badhe angsluping pracima, kajawi tumanggalipun katingal sawatawis agêng katimbang saking padatan, wujudipun lajêng katingal abrit malerah, bokmanawi darunanipun makatên, inggih taksih gayutan malih kalihan sumuping hawa saking samodra pasir Saharah. Sasuruping côndra rêdi-rêdi ingkang nangguli tanah Aprikah, taksih katingal anggamêng cêmêng, sabên kasorot ing abyoring kartika ing tawang, ingkang sumêbar ngêbaki sakuwunging jumantara anglir gabah sinawur, Bima Sakti, layanganipun satriya ing Jodhipati nalika pinulêt ing sawêr naga, dalu wau ugi anjêrganggang wontên têngahing madyantara, mujur [mu...]

--- 130 ---

[...jur] manut ujuring jaran dhawuk ingkang malêtuk pindha ngêndhiti kuwunging ngantariksa.

Sarêng tanggal sampun botên katingal, para panumpak kathah ingkang sami lumêbêt ing kamar nêdha, satunggilingWalandi ingkang sagêd miyano lajêng ngungêlakên piyano ingkang wontên ing ngriku, botên dangu ingkang sami sagêd tumut mungsikan, lajêng sami dhatêng saking kajêngipun piyambak-piyambak, ingkang sagêd miyul, ambêkta piyulipun, ingkang sagêd ngungêlakên mandholin, ambêkta mandholinipun, ingingkang. sagêd nyuling ambêkta sulingipun, dene ingkang sami lêmpoh mungsik narimah sami mirêngakên kemawon, nyambi omong-omong kalihan cacêlakanipun, nyambi nyêrat utawi ningali sêrat pawarti mawi gambar, ingkang kasadhiyakakên wontên ing kamar ngriku. Sanadyan gêndhingipun ingkang kaungêlakên rèmèh-rèmèhan sadaya tur swantêning mungsik inggih dèrèng kenging kawastanan sakeca, ewasamantên kangge sambèn awon nganggur, inggih sampun lowung sangêt.

Dumugi mèh têngah dalu para panumpak pangkat kalih anggènipun among suka mumungsikan, para panumpak pangkat satunggal ingkang gadhah kamar minôngka kangge mungsikan, wontên panggungan ing sisih ngajêng, wartosipun ugi sami bingah-bingah piyambak, sadaya wau saking pangintên kula

--- 131 ---

kabêkta saking dayaning sontên ingkang endahipun anglangkungi saking adatipun, awit botên sawêg sapisan punika mawon anggènipun sami mumungsikan, nanging sampun kaping-kaping, amung sagêd ngantos guyub ramenipun samantên, pancèn sawêg sapunika.

Enjingipun para panumpak kathah ingkang tanginipun radi kêrinan, wiwit bang-bang wetan sumirat, pungkasaning langit ing sakiwa-têngêning baita sampun katingal kasèrètan ing gamênging dharatan, ingkang saya dangu saya malela, katingal dados rêdi thatharikan. Ingkang wontên ing keblat kidul-kilèn, parêdèn ing tanah Aprikah, langkung rumiyin sagêd katingal cêtha, amargi kalêrêsan angsal soroting diwangkara, parêdèn ing tanah Ngarab wontên ing keblat lèr wetan, radi dangu rêmêng-rêmêngipun naging sarêng srêngenge sampun inggil, cêthaning parêdèn kalih-kalihipun sampun sami kemawon, amargi lampahing baita ngambah lêrês têngah-têngahing antawisipun, môngka wiyaring sagantên ing ngriku sêlot nyalingup, jam satêngah sadasa lampahipun pun Wilis sampun jêdhug ing tanah gathukipun buwana Aprikah kalihan Asiyah, ing samangke sampun sinusuk kangge margi kapal, wiwit saking ngriku ngantos dumugi ing kitha Portsaid.

--- 132 ---

Para panumpak sawanganipun sami lêga manahipun, dene sagêd sumêrêp dharatan malih, ingkang wontên kithanipun sawatawis agêng, inggih punika kitha Suès, utawi Port Ibrahim, tur mawi wontên wit-witanipun, sabab sadangunipun ngambah ing sagantên Abrit, kajawi rêdi padhas, pulo-pulo inggih padhas, botên wontên ingkang dipun sumêrêpi malih. Sanadyan hawanipun ing ngriku taksih ajêg bêntèr, nanging sumêrêp ijêmning gêgodhonganing wit-witan, punika sampun sagêd nuwuhakên raos radi sêgêr.

Wontên sangajênging sungapan susukan ingkang kawastanan kanaal van snêz pun Wilis kèndêl, para panumpak sami kêbingahên ningali punapa ingkang katingal ing ngriku, rêdi padhas ing tanah Aprikah katingal pating jaronggol, lorog-lorog tuwin corahipun pating jêlarèh kados tangkêb-tangkêbaning lêlêmpitan sosondhèr ingkang kinlumbrukakên ing siti, botên dipun pangarah tatanipun, têbih saking prênahing rêdi-rêdi wau kapering lèr kilèn kitha Suès katingal cêtha, kados kinurung ing ijêm, saking kathahing wit-witan ingkang tinanêm ing sauruting radinan, pakêbunan utawi patamanan ingkang wontên têngah-têngahing margi prapatan. Kitha Suès wau prênahipun [prênah...]

--- 133 ---

[...ipun] wontên sakinduling susukan, utawi kiwaning calangap, dados manggènipun wontên ing tanah Aprikah bawah karaton ing Mêsir. Salèring susukan botên wontên kithanipun, namung wontên griya alit-alit sawatawis, sabab ing ngriku taksih kalêbêt wawêngkon sagantên wêdhi. Ingkang katingal ing ngriku kajawi punthuk-punthukan utawi bulak wêdhi, mila inggih sampun botên wontên malih-malih. Ing palabuhaning kitha kawontênanipun baita ingkang agêng namung sakêdhik baita alit-alit sawatawis kathah, mèh sadaya taksih mawi layar. Ing ngriku wêktu pun Wilis langkung, kalêrêsan pinuju wontên kapalipun pêrang satunggal, kagungan dalêm Panjênênganipun Sultan ing Turki, katitik saking banderanipun ingkang pinanjêr ing pucuk tiyang, wujud abrit mawi wulan tumanggal pêthak wontên ing têngah. Nadyan baita wau langkung agêng katimbang pun Wilis, ingatasipun kapal pêrang, kacariyos pancèn kalêbêt alit, wangunipun taksih kalêbêt ing golongan kruisêr inggih punika baita pêrang ingkang kapatah dados canguking lampah, nyunguti lampahipun kapal ingkang agêng-agêng, mila kêdah sawatawis alit, nanging kosokwangsulipun kêdah langkung rikat ing lampahipun. Mênggah bedanipun kapal pêrang kalihan kapal ingkang momot tiyang utawi momot [mo...]

--- 134 ---

[...mot] barang kajawi katingal saking mariyêm-mariyêmipun ingkang wuluhipun pating carongat majêng dhatêng keblat sakawan, ugi kenging katitik saking ulêsipun, inggih punika biru klawus-klawus ingkang mirip dhatêng warnining toya sagantên, mênggah pêrlunipun kaêcèt makatên, bokmanawi supados sampun ngantos sagêd enggal konangan dening mêngsah. Kapal pêrang Turki wau nama Majidhe, inggih punika ingkang dèrèng dangu kawartosakên ing sêrat-sêrat pawarti, nglarag dhatêng talatah Grik, damêl risak dhatêng baita Grik ingkang ngêmot wadyabala dharatan, ingkang badhe kaajêngakên dhatêng paprangan, ambiyantu pangrubutipun karajan Monto Nêgro, Wusarpi tuwin Bulgari, anggènipun mêngsah dhatêng kasultanan Turki. Pun Majidhe wau kacariyos sampun sawatawis wulan wontên ing ngriku, kados dene andhêlik makatên, nalika mêntas damêl karisakaning mêngsah saking kuwatosipun manawi kabujêng ing kapal pêrang Grik ingkang langkung agêng utawi langkung mirantos, pun Majidhe lajêng anggêblas mêdal saking Midde landsche zee (laut têngah) kalangan ngubêngi tanah Aprikah, lumêbêt ing sagantên abrit, pêrlu ngupados pakèndêlan ingkang sakeca, mênggah ingkang kapilih dados pakèndêlan, inggih sacêlaking palabuhan ing Suès wau

--- 135 ---

amargi wontên ing ngriku pun Majidhe botên kuwatos bilih badhe dipun munasika, jêr salèring susukan (kanaal van snêz) punika kabawah ing Turki, naging dèrèng kenging kapetang pêthal babar pisan, punapa malih pun Majidhe wontên ing ngriku botên kuwatos manawi badhe kalarag ing mêngsah, sabab margi susukan ing Suès, kaawisan saking golonging rêmbag para karajan-karajan ing Eropah, botên kenging kangge langkung kapal pêrang, manawi mêngsah nusula mawi kalangan ngubêngi Aprikah, tênèh lôngka sangêt.

Sasampunipun pun Wilis kèndêl, tumuntên lajêng kainggahan ing dhoktêr, ingkang mriksa sadaya tiyang isining baita, wontên ingkang gadhah sakit ingkang sagêd nular ing liyan, punapa botên, sarêng pinanggih sêpên, dhoktêr lajêng wangsul numpak baita lisah, ingkang dipun lampahakên ing tiyang kulit pêthak sakawan, mangangge cara Matrus, nanging mawi kêthu Turki (fez) kados kuluk nanging minggahipun ambalêmbêng kemawon, botên sêlot mêrit, tuwin langkung andhap sawatawis, kula takèkakên cariyos punika punggawa palabuhan ing Mêsir, ingkang kasusupakên dhatêng dhoktêr ing Suès, priyantun tanêmanipun Matsêapeipran, ingkang nguwaosi margi susukan, baita dhoktêr ingkang ambabar bandera wulan tumanggal wontên [wontê...]

--- 136 ---

[...n] ing canthikipun wingking, dèrèng ngantos mangkat, para tiyang dagang bôngsa Arab, ingkang dhatêng numpak baita layar, ngêpung lambungipun pun Wilis, sampun sami pamit balêbêr, mancolot saking tiyanging baitanipun, utawi saking palanging tiyang wau, dhatêng kajoganipun pun Wilis, sarana mènèk tampinganing kajogan, sakêdhap netra kajoganipun pun Wilis lajêng dados pêkên alit, margi barang momotan dhatêng wadhuking Wilis, ingkang katutupan ing balabag, pasagi wiyar, sawatawis munggul saking sipataning kajogan, sanalika lajêng santun warni dados papan padhasaraning barang dagangan, tiyang-tiyangipun ingkang gadhah dagangan ugi sami linggih ing ngriku, wontên ingkang sila jegang salonjor, sila tumpang, sawênèhing tiyang dagang wontên ingkang prasasat ngubêr-ubêr dhatêng ingkang kapurih tumbas daganganipun, ngêtut wingking, nyêla-nyêla, asring ngantos kenging kabasakakên nylanthak-nylanthak, mênggah dêdaganganipun bôngsa Arab wau, rèmèh-rèmèh nanging mèh sadaya wujudipun ngasabi, mila menginakên sangêt tumrapipun ingkang sumêdya ambêgta tôndha pangèngêt-èngêt anggènipun sampun nate sumêrêp kitha Suès, têsbèh sela akik, kêpêt, wulu pêksi suwari, kartu pos mawi gambar kitha Suès utawi tanah sakiwa-têngêning susukan, barang

--- 137 ---

klithikan warni-warni, kados ta: mainan karsèt, kalung mêrjan, sapanunggilanipun, punika sadaya gumêlar ing sinjang ingkang kajèrèng ing blabag turut margi barang momotan dhatêng wadhuking Wilis, saking kiranging papan ngantos wontên ingkang kalèbèrakên dhatêng jogan, utawi kabêkta minggah, kadhasarakên ing kajoganing panggungan, botên ngêmungakên para panumpak kemawon ingkang sami tumbas barang-barang wau, ugi para punggawa baita sami tumut tumbas, mila ing wêktu wau ing kajoganipun pun Wilis inggih sawatawis ulêng-ulêngan saking kêmrubutipun tiyang. Bôngsa Arab ingkang sami sêsadeyan panganggenipun ting gêdhabyah, jubahan panjang rangkêp-rangkêp, wontên ingkang mawi udhêng gilig, wontên ingkang mawi kêthu Turki abrit utawi cêmêng, mênggah ulêsing panganggenipun warni-warni, rangkêpan tuwin kotangipun kathah ingkang ulês pêthak, nanging jubah manawi botên ulês satunggal, inggih mawi corèk lorèk, tur mèh sadaya mawi pinlisir pita ing têpinipun, wujuding têtiyanganipun kathah ingkang jajag-jajag dêdêgipun, sawanganipun pêngkuh-pêngkuh, kulitanipun abrit anêmbaga, labêt kenging ing bêntèr sumêngêbipun hawa ing ngriku. Sadaya wau sangêt angèngêtakên dhatêng cariyos sèwu satunggal dalu ingkang padatan dados waosan kalulutipun [ka...]

--- 138 ---

[...lulutipun] para kumala-kala, mila sadaya priya ing baita, sumêrêp sadaya wau, kintên kula kajawi kèngêtan dhatêng cariyos sèwu satunggal dalu, ugi kèngêtan dhatêng raosing manahipun ing wêktu ngangkat badhe birahi, inggih punika nalika tumambirang, wiwit gadhah kapurunan ngunggar dhatêng kajênging èngêtanipun, ingkang nêdya blas-blasan, saking rêmênipun, nglayap dhatêng jaman kamongkalan tuwin lôngka, babaripun ciptaning gagasan pangajêng-ajêngipun mudha, ingkang kaôngka-ôngka pinanggiha ing salêbêting gêsangipun.

Jam 12 siyang pun Wilis tata-tata badhe anglajêngakên lampah malih, bôngsa Arab ingkang sami sêsadeyan lajêng sami dipun gusahi saking baita, kapurih mandhap wangsul dhatêng baitanipun, sasampunipun pun Wilis nginggahakên baita alit isi tiyang Arab satunggal sarana kakèrèk angsal cagak gantunganipun baita sêkoci, pêrlu kangge jagi kèngkènan nancang pun Wilis angsal dharatan, manawi wontên ing susukan simpangan kalihan baita sanès, môngka papanipun ingkang lêbêt kirang wiyar, pun Wilis lajêng ngancas malêbêt dhatêng sungapaning susukan.

Susukan margi kapal ing Suès, punika wiwitipun kabikak kenging kangge margi kapal sawêg nalika tanggal kaping 16

--- 139 ---

Nopèmbêr 1869. Têlasing wragat ingkang kangge mrabeyani pandhudhukipun wontên 228 yuta (mliyun) rupiyah.

Susukan wau saking sawanganipun ingkang anjog ing sagantên Abrit dumugi sawanganipun ingkang anjog ing sagantên Têngah (Middellandsche zee) panjangipun wontên 160 kilo mètêr, samantên wau manawi tlaga-tlaga alit (Bittermeren) ingkang kaprênah ing têngah-têngahipun ujuring susukan, ugi kalêbêtakên ing petang, manawi botên panjangipun susukan mung wontên 100 kilo mètêr, mênggah wiyaripun botên ajêg, racak-racakipun botên kirang saking 60 mètêr, botên langkung saking 100 mètêr, dene lêbêtipun ing pundi-pundi naracak 8 mètêr.

Jam 12 kirang saprapat, pun Wilis narik jangkar, lumampah ngancas dhatêng sungapaning susukan, botên dangu Port Ibrahim, palabuhanipun kitha Suès, sampun lajêng kapêngkêr. Kithanipun Suès samangke sagêd katingal cêtha, griya-griyanipun bôngsa Eropah ingkang kawistara saking wangunipun pêpanggungan wontên ingkang tundha kalih, wontên ingkang tundha tiga, kampung-kampung Arab ingkang kenging katitik saking wawangunipun payoning griya, papak-papak utawi lètèr, masjid-masjid ingkang sagêd katitik saking mênaranipun,

--- 140 ---

sarta plênthuk-plênthuking payon-payonipun, sadaya wau botên tansah katingalan sarana kaca prakônca,prakcana. sampun wela-wela. Sarèhning wanci têngange, môngka cêlak sagantên wêdhi, dados hawanipun inggih bêntèr sangêt, dugi-dugi botên kirang saking 90 grad parênhait, dados katimbang kalihan bêntèripun ing pulo Perim, kaota inggih namung sawatawis grad, ananging sarèhning wontên ing Perim namung sumêrêp rêdi padhas, bulak-bulak inggih padhas, sela utawi siti inggih padhas, môngka samangke sumêrêp kêkajêngan sêgêr-sêgêr, tatanêman lêdhung-lêdhung, dados ing pangraos bêntèripun kados kirang, langkung malih sarêng baita sampun ngambah ing margi susukan, dharatan sakiwa têngêning baita suka sambèn têtingalan magantos-gantos, bêntèring hawa prasasat botên karaos, ing calangapaning susukan, ngantos watawis kalih pal, sakiwa têngêning margi baita kapasangan plênthukan tosan agêngipun watawis wontên saking gangsal prungkul, ingkang kumambang kampul-kampul kèndêl wontên sapanggenan, jalaran kacancang ing rante angsal dhasaring toya. Plênthukan wau tatanipun jèjèr-jèjèr urut-urutan mawi dipun antawisi kintên-kintên kirang langkung 50 mètêr, mênggah pêrlunipun kangge ngancêr-ancêri papan ingkang lêbêt, ingkang kenging kaambah ing baita.

--- 141 ---

Turut margi pun Wilis kaping-kaping papagan kalihan baita kêruk, baita momot tuwin baita layar, nanging botên pêrlu mawi ngandhêgakên lampahipun, amargi sadaya wau, nadyan wontên ingkang agêng, ingatasipun baita ingkang kalampahakên sarana kêkiyataning asêp, taksih kalêbêt dhara utawi dhêrê, dene ingkang mawi layar ingkang kathah agêngipun namung sabaita tembo. Ing dharatan kanan-kêringing susukan asring katingal wontên griyanipun alit-alit, tiyang lumampah satunggal kalih, Unta, Maenda. Sagawon, sadaya tumrapipun ingkang sami wontên ing baita, dados têtingalan, dados wiwinihing raraosan, utawi jalaraning caluluk ngêlokakên.

Mênggah gêrbanipun ingkang gumêlar ing pandhulu satêngêning (salèr wetaning) susukan, sadaya siti mêndhak mandhukul, bulak sinêling ing pêpunthuk tuwin gêgumukan, wiwit sapinggiring punthukan ngantos dumugi tancêbing langit, ingkang katingal liya saking jêne sampun botên wontên, jênenipun wau asring ngatali, kala-kala kados ulêsing pantun ngajêngakên wiwit kenging kaêmi, selang-sêling mawi wontên jêne ingkang anyandhik ala, kadhang mawi mubal ijêm parê anèm, kadhang mulus nêmu giring, makatên wau manut lêbak mungguling siti, lêdhok mungguring papan, kadhawahanipun [kadhawaha...]

--- 142 ---

[...nipun] soroting srêngenge, ingkang ngwontênakên sulap utawi undhuking pawangsanganipunpasawanganipun. ingkang ningali. Kosokwangsulipun, sakiwaning (sakidul kilèning) susukan, kathah suntan-santunipun ing pasawangan, manawi botên griya-griya ingkang wêwangunanipun Ngarabi, mawi kinubêng ing patamanan asri, dumunung wontên ing imbanging susukan, inggih wit-witan sagrombolan, utawi sabanjêng, panjangipun asring ngantos sapandêlêng, kadangkala katingal ijêming gogodhongan ingkang riyo-riyo kados nêpèni dhatêng jalèrèhipun wangan toya tawa, ingkang kailèkakên saking banawi Nil dhatêng kitha Ismaillah. Kitha Ismaillah punika pêrnahipun wontên ing bawah Mêsir, ngongkang susukan Suès, cacah jiwanipun 7000. Kadhatonipun Vice-Koning van Egijpte (rajamudha utawi Bupati Panêkar ing nagari Mêsir) saking margi susukan katingal cêtha, wêwangunaning dalêm karaton dhapur Eropah blastêr Arab, saking ngriku pêcah dados kalih, satunggal dhatêng ing kitha Suès, satunggalipun dhatêng kitha Port Said, pêrlu kangge ngwontêni pangombèn dhatêng tiyang maèwu-èwu, ingkang sami nyambut damêl andhudhuk margi susukan, duk nalika susukan wau taksih dados garapan, mênggah gêrbanipun ulêsing pasitèn ing bangkaneya (imbang kidul kilèn)

--- 143 ---

nadyan taksih kathah ingkang sulak jêne, dalêmok-dalêmok ingkang ulêsipun ijêm mawi talênik-talênik pêthak, cacahipun sampun tanpa wilangan, inggih punika padhusunan ingkang katingal asring kinêpung ing wit kurma, asring mawi kasêlan titik seta mênthuring layar baita alit, ingkang hilir utawi mudhik wontên ing wangan toya tawa.

Salêbêtipun ngambah margi susukan, lampahipun baita botên kenging langkung saking 10 kilo mètêr ing dalêm sajam, dados lampahipun pun Wilis ing wêktu wau sami kalihan kareta lisah (motor) manawi langkung ing margi ingkang rêja, awit saking punika inggih botên kirang gamat panyawangipun para panumpak dhatêng punapa ingkang katingal ing dharatan sauruting susukan, manawi nuju nglangkungi panambangan, ingkang kathah tiyangipun sami wangsul ing baita tambangan, wontên ingkang anggreyot ambêkta barang dagangan, botên ngêmungakên sagêd sumêrêp cêtha kemawon, nanging asring sagêd mirêng caluluk utawi bêngokipun têtiyang wau. Manawi nuju nglangkungi griya-griya ingkang agêng, ngantos sagêd maspadakakên kukruwingan rêrêngganing kontên, candhela tuwin saka sakanipun.

Dumugi ing Tlaga Tikta, pun Wilis kenging nyêngkakakên lampahipun malih mêdal ing margi ingkang kasipat ing plênthukan tosan [to...]

--- 144 ---

[...san] jèjèr-jèjèr. Sadangunipun pun Wilis dèrèng lumêbêt ing margi susukan malih, para ningali paningalipun sagêd angsal bawera saking ngêblakipun papan, mila sarêng blêng pun Wilis lumêbêt, ing susukan malih, ing pangraos sumêblaking pandulu kados wontên supêkipun sawatawis, jalaran, lêrês panduking pandulu, taksih sagêd angsal tancêping langit, nanging bablasing paningal kêkêrêpên kêregonan ing gêgêring tanggul pasir, siti kêdhukaning susukan ingkang kaundhug-undhug sakiwa têngêning toya, utawi kadhingkala kapantog ing gagrumbulan wit saèmpêr kados camara, ingkang katanêm wontên ing sauruting tanggul, kangge ngistiyari sampun ngantos, manawi wontên prahara agêng, tanggul wau longsor utawi pasiripun mawut dhawah ing dhasaring susukan.

Tanggul pasir wau ingkang inggilipun wontên ingkang sagumuk agêng, wontên ingkang sagumuk alit, ing ngandhap prênah lumêbêtipun dhatêng toya, kabatur ing sela padhas tumpukan ingkang katata waradin mayat manginggil, botênipun makatên inggih katanêman sukêt, ingkang panjang tuwin wiyaring ronipun sairib kados alang-alang.

Dumugi ing Tlaga Tikta ingkang ôngka kalih, wancinipun sampun lingsir kilèn, wanci surup surya pun Wilis sampun wontên [wontê...]

--- 145 ---

[...n] ing margi susukan malih, nadyan sirat-sirating gagana ing wêktu amblêsing diwangkara, beda kaendahanipun kalihan kala wingi, inggih botên kathah, namung kirang kumênyar sakêdhik, miwah kirang pêpak warni-warnining wawarnènipun, ewasamantên para panumpak kathah ingkang katingal sampun botên kapranan ing têtingalan wau, kajawi pajaring raina, saya têbih prênahipun pun Wilis saking garis bêlahaning jagad, saya kathah langkahipun saking wawangkitan kalih wêlas jam, rêpêt-rêpêting sontên inggih langkung dangu katimbang kalihan rêpêt-rêpêting sontên ing tanah bawah angin, sumilak wêninging gagana ing sontên wau saupami tanpa angsal sêsuluh sunaring côndra, ingkang miring ing tumanggalipun ugi prabeda kalihan manawi kasawang saking nuswantara, saking kintên kula inggih mêksa taksih sagêd mahanani papajar, ingkang kenging kangge maos sêrat, wiwit sasêraping surya dumugi watawis sajam, awit pajaripun ing pracima pancèn taksih nêlahi.

Dèrèng ngantos pêtêng, pun Wilis sampun masang ting sorot agêng wontên ing canthik ngajêng, mênggah agênging ting wau langkung sadêdêging tiyang, kacanipun suryakantha, urubipun saking daya èlèktris, mila sarêng sampun wiwit kasulêd, sangajênging baita ngantos satêlasing pandêlêng, prasasat [prasa...]

--- 146 ---

[...sat] angsal pajaring wulan purnama. Dilah èlèktris wau, ingkang gadhah kacariyos Matsaepei ingkang nguwaosi margi susukan, sadhengah baita ingkang langkung ing margi susukan, punika katamtokakên nyewa dilah ingkang kados makatên wau satunggal iji, kajawi punika salêbêtipun ngambah ing margi susukan kêdah mêndhêt damêlipun punggawa matsêapèi tiyang satunggal, ingkang kasêbut nama loods, inggih punika juru kumudhi ingkang sumêrêp lêbêt cêthèking margi, sauruting susukan, punapa malih sadhatêngipun ing Port Said, baita kêdah bayar arta minôngka prabeya ngambahipun susukan, kathahkêdhikipun manut momotanipun barang, kapetang ton-tonan (sak ton punika sami kalihan 1000 kilo gram).

Para panumpak sarêng sumêrêp soroting dilah èlèktris wau, pintên-pintên ingkang lajêng sami dhatêng ing canthik ngajêng, linggihan wontên sawingkinging tambanging baita. Pambucalipun sorot dilah èlèktris wau namung mligi mangajêng botên siwah kalihan panyorotipun pirantos gambar gêsang dhatêng pêthaking kêkêlir motha mila inggih botên kirang ingkang sami ngudaraos manawi prasasat ningali têtingalan gambar gêsang, punapa ta: ingkang botên katingal binèbèr ing pangaksi, baita-baita kathah rupi-rupining wawarnènipun [wawarnèni...]

--- 147 ---

[...pun] ingkang alit kangge ngupados ulam, ngantos dumugi ingkang agêng, sami utawi ngungkuli agêngipun pun Wilis, kangge momot tiyang saha barang, utawi momot lisah petroliyum ingkang kalampahakên sarana layar, sarana lisah utawi asêp. Ingkang atiyang kalih, pipa satunggal, apipa tiga, tiyang kalih, utawi tiyang tiga tanpa pipa, kakathahên manawi kacariyosna, beda-bedaning wawarnènipun, sadaya wau sarèhning dalu, dados inggih pasang ting. Dene ingkang têmtu kapasangan ting, punika ing canthik ngajêng wingking tuwin ing tiyang ingkang inggil piyambak, aliya saking tigang panggenan wau, manawi baita agêng inggih pasang ting ing panggenan sanès-sanèsipun, sawênèh wontên ingkang sunaring ting-tingipun ngantos murup mubyar kados pêrlu kangge amajari papan ingkang badhe kangge andrawinan, ing dharatan satêngêning susukan kirang sontan-santuning sasawangan, kosokwangsulipun: sakiwa têngêning susukan molah-malihing sawangan sampun tanpa kèndêl, padhukuhan alit grumbul kêkajêngan mawi kasêlang-sêling bulakan wêdhèn, griya satunggal nyêle, lajêng pakèndêlan sêpur (halte) ngadhêpakên lori-lori pirantos kangge ngusung wêdhi ngantos pintên-pintên rèntèng, tumuntên griya ingkang kangge wadhah pirantos nampèni kêdhukan siti saking [sa...]

--- 148 ---

[...king] baita kêruk, sae-saening sae tur damêl gumunipun tiyang ingkang dèrèng nate kekesahan dhatêng tanah ing atas angin, punika sêpur ingkang lumampah dalu turut gêgêring tanggul susukan. Mênggah ingkang nggumunakên, sanês wujuding sêpur, nanging kêncaring dilah-dilah ingkang wontên salêbêting gêrbong-gêrbong tiyang. Sadaya candhela-candhelaning gêrbong-gêrbong wau sumorot pajar, ngantos têtiyangipun ingkang wontên ing nglêbêt sagêd katingal cêtha. Lampahipun sêpur saking pangraos kula sakalangkung rikat, rêrèntènganing gêrbong-gêrbongipun sakalangkung panjang, katingalan saking baita, wujudipun mèmpêr angganing sawêr naga ingkang mlampahipun tumlorong botên ngambah ing bantala, dene pangêmpusing sirah, ingkang kapirêng lamat-lamat saya cêtha, kadi pangakakipun ingkang nandhakakên manawi lampahipun badhe damêl curna. Mirid cariyosipun Ki dhalang, rêrupèn ingkang kados makatên wau, nyimpanga bokmanawi botên kathah kalihan sara sangkalinipun Beganônda, ingkang kasêbut Naga Pasa, layak kumêlap pamanahipun wadya wanara, ingkang tinindhihan ing Sang Kapindra Sugriwa, sarêng sumêrêp lumêpasipun naga pasa saking tanganipun raja putra ing Ngalêngka.

Sarèhning miturut putranipun para punggawa ing baita,

--- 149 ---

mangke wanci têngah dalu pun Wilis sampun sagêd labuh jangkar ing ngajêngipun kitha Port Said, môngka salêbêtipun labuh ing ngriku mêndhêt arêng sela, ramening swantên tiyang badhe nglangkungi ingkang sampun-sampun, tamtu damêl kagètipun ingkang sami tilêm, mila mèh sadaya para panumpak dèrèng ngantos jam 10 sampun sami mapan tilêm, tilar wêling supados enggal kagugah, manawi malampahipun pun Wilis sampun cakêt kalihan kitha Port Said.

Jam 12 kèndêl sakêdhap, para panumpak ingkang sami nêdha kagugah, sampun sami dipun thothoki kontên kamar patilêmanipun, sadaya sami enggal-enggal anggènipun dandan, sarampungipun mangangge sadaya lajêng dhatêng ing panggungan, dumugi ing nginggil hawanipun asrêp, kawêwahan anginipun ngidit, angin ingkang ing wêktu siyang nyuda sumêngêbing bêntèr samangke ambêkta asrêp ingkang damêl mirandingmarinding. badan sakojur, kajawi punika lêmutipun kathah tur galak-galak, lampahipun pun Wilis rindhikipun sangêt, mila nadyan sampun cêlak kalihan kitha Port Said, sadèrèngipun mungêl jam 1 pun Wilis dèrèng sagêd kèndêl andhawahakên jangkaripun wontên ing swamipaning dharatan, pangongkangipun kitha Port Said dhatêng susukan.

Bab kaping gangsal

Ngajêngakên dumugi Port Said. Kitha Port SaitSaid. punika

--- 150 ---

anggènipun nyikal bakali margi susukan wiwit acak kadhudhuk, samangke cacah jiwanipun sampun wontên 42.000 kalêbêt bôngsa Eropah 11.300 (ingkang kathah bôngsa Pranês) tambah taun kitha Port Said lêstantun taksih tansah mindhak raharja. Wiyaring susukan mêlaripun sangêt, dumugi wiwit watês kitha. Sakiwa têngêning margi baita kathah kapal-kapalipun ingkang sami labuh jangkar, kèndêl malang utawi mujur wontên sacêlaking dharatan. Pating glêbayaripun ting-ting baita kawimbuhan pating klêncaripun dilah-dilah ing dharatan, ingkang layanganipun katingal wontên salêbêting toya susukan, sorotipun ting mênara ingkang katingal kalampahakên mubêng, oboripun baita pulisi susukan, ingkang sumuluh abrit tansah alihan panggenan, sadaya damêl asrining pasawangan ing dalu wau.

Sawêg kemawon pun Wilis labuh jangkar, kajoganipun sampun lajêng kainggahan ing têtiyang ambarang mungsik, tanpa mawi sanjang punapa-punapa, têtiyang wau lajêng sami ngungêlakên gêndhing ingkang sagêd damêl berag bingaring manahipun ingkang sami mirêngakên, basa ingkang mardu mardawa piyambak ing satalatah buwana Eropah. Watawis sapaududan, dhoktêr ingkang kawajiban [ka...]

--- 151 ---

[...wajiban] mariksa têtiyang isining kapal ingkang sawêg dhatêng, sampun dhatêng wontên ing baita, kapapagakên salah satunggiling Opsir, sarampunging pamriksa, dhoktêr lajêng pratela, sintên ingkang sumêdya ningali kitha, sampun botên wontên pakèwêdipun, mirêng têmbung palilah ingkang makatên wau, mandhapipun panumpakpara panumpak. dhatêng baita alit, ingkang sami nyêgat ing pungkasaning andha baita, bêbasan brol-brolan, kajawi para panumpak ingkang ambêkta lare ingkang dèrèng kenging katilar, sadaya agêng alit, dalah para punggawa kapal ingkang nganggur botên kalêrês nyanggi padamêlan, sami sumêdya ningali kitha. Kèndêlipun pun Wilis bokmanawi namung sadasa mètêr têbihipun saking dharatan, mila inggih namung sakêdhap wontên ing baita alit, ingkang namung kadhayung tiyang satunggal, sampun lajêng dumugi ing Karêtêg Bukung, ingkang minôngka wot dhatêng ing dharatan. Bab tambanganing baita pranatanipun sae, sintên ingkang badhe dhatêng ing dharatan botên pêrlu mawi awis-awisan rumiyin kalihan ingkang nglampahakên baita, kenging lajêng numpak kemawon, mangke sadumuginipun ing dharatan kemawon kabayar wontên ing griya panambangan, 30 sèn ing dalêm salampahan, manawi siyang kacarios namung 15 sèn, wah bayaranipun taksih

--- 152 ---

kenging ngangge arta tanah Indiya. Dumugi ing dharatan papan sacêlakipun griya panambangan kapancak suji mubêng, manawi badhe lumêbêt dhatêng kitha kêdah mêdal wontên hèk ingkang kajagi ing punggawa pulisi, mawi mangangge jas calana pêthak, akêthu Turki abrit. Kontên hèk wau anjogipun ing radinan agêng, ingkang nugêl têngahing kitha, kiwa têngên kaapit-apit ing griya pêpanggungan. Sasampunipun nurut radinan wau, nglangkungi margi prapatan kalih, ing sisih kiwaning margi katingal pajar-pajar, toko satunggal kalih wontên ingkang bikak, ngadhang-ngadhang katumbasan sêsadeyanipun dêning ingkang sami mandhap ningali kitha, tataning griya-griya ing ngriku jèjèr-jèjèripun sampun pipit-pipitan, wah tundha-tundhane pêpanggunganipun naracak ngantos susun tiga, sakawan, gangsal, manawi ing ngriki sampun samantên têtêl riyêlipun tataning griya-griya, saiba benjing kados punapa ing tanah Eropah. Walandi sêsarêngan kula, ingkang kalairanipun wontên ing nagari Walandi sanjangipun dhatêng kula ingkang kula sumêrêpi punika prasasat sawêg icip-icip saking kawontênanipun ing tanah Eropah, amargi ing ngrika botên ngêmungakên sakiwa têngêning radinan agêng ingkang rêja kemawon, nanging ing pundi-pundi, waton salêbêting wawêngkon kitha [ki...]

--- 153 ---

[...tha] tataning griya-griya têtêl riyêlipun kados makatên.

Ingkang kula ambah saprikônca, punika kenging kawastanan pakampungan Walandi§ Ingkang kula sebut Walandi ing ngriki punika saking kajeng kula bo [boten] ngemungaken têtiyang ingkang asli saking nagari Walandi (Holland) kemawon, nanging sadaya bôngsa kulit pethak ingkang angsal saking tanah Eropah kajawi bôngsa Turki. awit griya-griya ing ngriku, manawi sanès toko utawi kantoripun bôngsa Walandi, inggih dipun griyani bôngsa Walandi. Pakampunganipun bôngsa Arab, ingkang manggènipun langkung têngah, kacariyos jithêk sangêt, amargi tiyang-tiyangipun sami kirang marsudinipun dhatêng rêsikaning gêgriya.

Sadaya para panumpaking Wilis, ingkang kajujug rumiyin piyambak tokonipun Simon, Ars (Simon Artz) ingkang awit panggenanipun adhakan, katingal langkung agêng katimbang kalihan sanès-sanèsipun, sarta pancèn sampun misuwur manawi barang sasadêyasnipun sae-sae. Para nyonya ingkang kathah sami tumbas wulu Suwari (Struisvogêlvêêrên). (kaprahipun ing tanah Jawi kawastanan plim, pluim = bulu-bulu) ulês pêthak utawi cêmêng, ingkang ulês ijêm, abrit, kêthèl, inggih wontên [wontê...]

--- 154 ---

[...n] nanging sarèhning punika ulês pulasan, dados kirang dipun rêmêni. Mênggah rêginipun wulu wau sadasa rupiyah minggah, kawandasa mandhap, dene wontênipun para nyonyah sami ngêpêng panumbasipun, sabab manawi sampun dumugi ing tanah Eropah, wulu-wulu kacariyos rêginipun tikêl. Para Walandi ingkang kathah tumbasanipun sigarèt, awit sigarêt Mêsir punika misuwur êcanipun, sarèhning ngriku tanahipun, dados rêginipun inggih mirah sangêt, sêsadeyanipun toko Simon Artz, pêpak sangêt sawarninipun ingkang kalêbêt panganggèn tiyang jalêr utawi èstri, jangkêp, barang atos paniti, korsèt, sapanunggilanipun pêpak dalah kopêr pirantos kangge kêkesahan ing ngriku ugi wontên. Toko sanès-sanèsipun ingkang mênga, wontên watawis nênêm, sasadêyanipun wontên ingkang barang mas intên, babut, barang-barang Jêpan, barang-barang Mêsir,utawi Arab, sabibaripun têtumbas kula saprikônca dhatêng kafe. Kafe punika têgêsipun kopi, nanging kajawi wedhang kopi, ingkang kasade ing ngriku sawarnining minuman (cafe) inggih punika griya panggenan sade minuman. Dumugi ing ngriku sadaya lajêng sami linggih ing kursi ngadhêp kênap, kêkêpungan tiyang sakawan utawi wolu dados [dado...]

--- 155 ---

[...s] sagrombolan, sarèhning nadyan wanci dalu hawanipun botên asrêp, dados anggènipun linggihan inggih sami wontên ing ngèmpèr kemawon, ing ngriku pangêbyokipun tiyang Arab, Mêsir, Nubiyê sapanunggilanipun, ingkang sami sêsadeyan klithikan, ambarang sulap, utawi ambarang jêngkêlitan, prasasat sulung sumêrêp papajar, botên ngêmongakên ngêbyuk nêdhahakên sêsadeyanipun kemawon, nanging anggènipun nawèkakên sadêyanipun punika mawi nyêla-nyêla, wah katingal kados mêksa makatên, mênggah barang sêsadeyanipun, tesbih, mêrjan, kêpêt, cal, kêrtu pos mawi gambar, kêkathahên manawi kula cacahna sadaya. Ingkang ambarang sulap, tiyang sêpuh tuwin lare umur watawis kalih wêlas taun, dene ingkang kasulap, arta, kolongan, tigan, kuthuk, satunggal kasulap dados kalih, tiga, sakawan. Ingkang ambarang jêmpalikan, dhatêng lajêng wiwit main, sabibaripun sami kalihan ingkang ambarang sulap, lajêng ngathungakên tanganipun nêdha arta, ngubêngi ingkang sami ningali sadaya. Punggawa pulisi sawatawis wontên ingkang klintêran sangajênging èmpèr kafe kala-kala nyêlak sakêdhap pêrlu anggusahi tiyang sêsadeyan ingkang katingal kêmêmpêngên anggènipun nêdha dipun tumbasi. Wontênipun sami wontên [wo...]

--- 156 ---

[...ntên] ing ngriku kintên kula sami anjagi, sampun ngantos wontên garêjêg, sêlêran utawi sêbrotan, amargi ingkang sami sêsadeyan sapununggilanipun wau, sajakipun kajawi butêng, puruna canggèh inggih mèmpêr. Sadaya punika rekanipun sami sagêd têmbung Walandi, inggih pating clêbung, nanging cêkap kangge mratelakakên punapa ingkang dipun kajêngakên. Bab anggènipun tawi, nikêlakên sadasa saking lêrêsing rêginipun barang, punika kados sampun kadamêl limrah, mila botên kirang ingkang kablundrung, ngawis sapindah sampun sagêd angsal ingkang dipun awis, ewasamantên manawi nitik kawujudaning barangipun, asring taksih kenging kawastanan angsal mirah ing ngatasipun tiyang manca ingkang tumbas.

Watawis kêndèl jam 3 kula saprikônca lajêng sami mangkat wangsul dhatêng ing masjid kathah ingkang sami rêraosan kapengin ningali sêmbahyang Subuh ing masjid, ingkang uparêngganipun kacariyos kalêbêt sae, urub kapêrlokna dipun tingali, nanging sarèhning sami kuwatos bilih sampun kaslêpêk ing wanci, dados sadaya narimah sami botên ningali. Dumugi ing kajoganipun punWilis, ing ngriku ingkang sami ambarang mungsik taksih sami ngungêlakkên tatabuhanipun, kapara samangke mawi tambah dipun dhangsahi tuwin dipun mênyanyèni nyonyah [nyo...]

--- 157 ---

[...nyah] alit. Tiyang sêsadeyan namung satunggal thil, bêbaunipun toko Simon Artz, sêsadeyanipun aliyan saking bulu-bulu wulu Suwari botên wontên.

Ngajêngakên jam 4 bangbang wetan sampun sumamburat majari sakuwunging ngawiyat nanging taksih saput siti, saking sakêdhik sarêng srêngenge sampun wiwit badhe trontong-trontong, sêsipatanipun sadaya ingkang katingal ing pangaksi, saking grêmêng lajêng saya têrang-têrang ngantos sagêd katingal cêtha. Baita asêp, layar, baita, lisah tembo mantun katingal namung gatra garêmêng kemawon, sadaya samangke kajawi katingal cêtha wujudipun, inggih katingal punapa ingkang dados momotanipun, ingkang botên sinimpên ing salêbêting lambung. Baita-baita wau ingkang kathah tumèmplèk ing dharatan susukan ing têmbing kananipun punWilis, manggènipun jèjèr-jèjèr ing têmbing keringipun pun Wilis, sauruting dharatan sapinggiring susukan, ingkang katingal malela griya-griya wau. Mênggah tataning griya-griya wau, sadaya jèjèr sasipat ngajêngakên margi susukan, jèjèripun mawi kapêdhot-pêdhot ing lolongkangan, ingkang katingal nyalinguk malêbêt, sadaya punika radinan utawi dlanggung ingkang anjog dhatêng

--- 158 ---

têngah-têngahing kitha. Ramenipun margi susukan ing ngriku, tumrapipun sakula abjêmblêngakên kados pundi kula botênna agumun, tiyang srêngenge sawêg mingip-mingip, môngka wancinipun taksih jam 4 enjing têka baita alit-alit ingkang pating sliri lumampah nugêl margi susukan, mudhik utawi milir, samantên kathahipun, wah sadaya kêbak isi tiyang, kuli bêrah utawi bêbau, ingkang kintên kula sami badhe tapak nyambut damêl dhatêng gudhang-gudhang, ingkang pating janggêlêg thèrèk-thèrèk wontên sapinggiring susukan. Mênggah lampahipun baita alit-alit wau ingkang sarana kadhayung enggal lajêng kalancangan ingkang mawa layar, ingkang layar sakêdhap sampun kalancangan ingkang lisah, manawi wontên baita asêp, byur sadaya sami sumimpang rikatan. Pating salirining lampahipun wontên têngahing susukan katingal sumriwêt sangêt, dene ingkang katingal ing sawingkingipun, tiyang-tiyanging baita pating kalêncar, tuwin pipa-pipaning kapal adhêmpêg-ndhêmpêg, môngka sasadayasadaya. wau kasawang prasasat dhumawah ing kêlir biruning ngakasa ingkang tancêbipun taksih tinêpi ing thêthèrêkaning gudhang-gudhang sapinggiring susukan. Tumrapipun sakula, ingkang dèrèng nate sumêrêp raharjaning palayaran, ingkang makatên wau anggawokakên sangêt, gumuruh ing swantênipun tiyang, [ti...]

--- 159 ---

[...yang,] ingkang sami numpak baita tambangan, wontên ing dharatan sapinggiring susukan, miwah umyungipun tiyang, ingkang sami nginggahakên arêng sela dhatêng salêbêting lambungipun Wilis, bos-bosipun baita asêp, dhug-dhugipun baita lisah ingkang binarung cumêngklinging swantên tosan, utawi gumrojogipun arêng sela ingkang kaêsokakên ing têlihipun pun Wilis, sadaya damêl sarining pamirêngan, tumandukipun dhatêng kula, sadaya wau ngèngêtakên dhatêng raharjaning patanèn, manawi kula ningali panèn ingkang cêlak pakèndêlan sêpur utawi ningali pangrêmbang rosan sacêlaking pabrik.

Jam 71/2 sawêg sagêd rampung pamêndhêtipun sangu arêng sela pun Wilis, baita arêng sela ingkang wangunipun kados sêmôngka sinigar mujur, sampun mire saking lambungipun pun Wilis tinarik ing baita kalih, kuli-kuli ingkang wontên ing baita arêng sèla wau, wontên watawis saking sèkêt, sami kados ingkang kula sumêrêpi nalika wontên ing pulo Perim, sadaya ing badanipun sakojur cêmêng saking lêbuning arêng sela, panganggenipun ugi namung awêr-awêr cawêd salomba, mawi kudhung sinjang sawatawis kangge nutupi rambutipun, sampun ngantos kenging ing lêbu.

--- 160 ---

Sarêng jam 8, samantên dintênipun Salasa kaping 8 Juli 1913, pun Wilis lajêng ambaung sapisan, kaping kalih lajêng ngancas dhatêng sawanganipun susukan, ingkang anjog ing Sagantên Têngah (Middellandsche zee) nalika sawêg mangkat, pun Wilis mawi kauntapakên lampahipun dening baita tembo kalih, isi tiyang ambarang mungsikan, ingkang sami ngungêlakên gêndhinging bôngsa Walandi, wien Neerderlands bloed tuwin Wilhelmus, minôngka angsung pamuji basukining lampah, kathah para panumpak ingkang nilari arta dhatêng ingkang sami ngungêlakên mungsik wau, mênggah anggènipun nampèkakên artanipun, sarana kadhawahakên saking pêpanggunganipun pun Wilis kemawon, ingkang ngungêlakên mungsik anggènipun nampèni mawi payung motha, ingkang kaêgarakên kajungkêlakên wontên sanginggiling toya. Ing antawisipun baita tembo kêkalih wau, wontên tiyangipun kalih ngalangi enggak, ngadhang-ngadhang kauncalan arta. Sabên dipun uncali arta, sagêd nyaut sadèrèngipun arta dhumawah ing toya, dene manawi lêpat panyautipun, inggih lajêng dipun salulupi.

Dumugi calangapipun margi susukan, pasawanganing paningal sagêd bawera malih, griya agêng-agêng sauruting dharatan margi susukan, kantor-kantoripun Matsêapèi

--- 161 ---

kanal Suès, Matsêapèi dagang, tuwin gudhang-gudhang, ingkang suwau damêl rupaking pandulu, samangke kantun katingal kados dolanan lare. Blakipun miring, kitha Port Said samangke katingal cêtha, pasisir ler tataning griya rintip, ing sawingkingipun katingal wontên pipa-pipaning pabrik ngumukus ngêdalakên pêga cêmêng, ing sangajêngipun wontên papanipun palumban, katôndha saking kawontênanipun griya tendha tuwin garobag papan tutupan (kangge panggenan cucul tuwin dandanipun ingkang sami adus ing sagantên) ingkang thèrèk-thèrèk ing sapinggiring pasisir. Sakilèning kitha salêbêting margi susukan, saking katêbihan saya ngeram-eramakên kathahing baita agêng alit ingkang katingal wontên ing ngriku. Calangaping susukan murih sampun ngantos walêd, tinampingan ing tanggul sela kalih ujur, kadamêl anyupit urang kados palabuhan iyasan ing Tanjung Priyuk, ing têngah-têngah lonjokipun dhatêng sagantên tanggul sela ingkang sisih kilèn, mawi kapasang rêca agêng sumèlèh ing bancik sela inggil, rêca punika gambaripun ingkang damêl ada andhudhuk margi susukan kanal Suès, tiyang bôngsa Pranès, nama Pèrdhinan dhê Lèsèp (Firdinand de Lesseps) kanggenipun mangagêngi panggarapipun margi susukan tuwan dhê Lèsèp, [Lè...]

--- 162 ---

[...sèp,] mawi kabiyantu ing Insinyir bôngsa Walandi, nama Tuwan Konrad, inggih ingkang mangagêngi panggarapipun andhudhuk margi susukan wau ngantos sarampungipun, mawi bau tiyang Mêsir, tiyang Arab, maèwu-èwu. Mênggah agênging rêca, nadyan kasawang saking baita namung wontên sabonekah, nanging salugunipun watawis sadasa tiyang, pêthanipun Tuwan dhê Lèsèp ngadêg anjêjêr sarwi nudingi margi susukan iyasanipun kalihan tanganipun têngên, tanganipun ingkang kiwa nyêpêng gulungan dalancang, rekanipun blaking rarantaman lampahipun margi susukan, ingkang kangge wêwaton pangêdhukipun.

Mêdal saking supit uranging calangap susukan, pun Wilis lajêng ngambah Sagantên Têngah (Middellandsche zee = Madya Bawana) lampahipun bablas mangalêr ngilèn gagancangan, kados ngaya-aya pados pêpulihipun anggèning wingi kêpêksa lumampah alon-alonan, salêbêtipun ngambah ing margi susukan.