Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kêkesahan dhatêng Nagari Walandi, Suryasuparta, 1916, #530 (Hlm. 162-234)

Katalog:Kêkesahan Dhatêng Nagari Walandi, Suryasuparta, 1916, #530
Sambung:
1.Kêkesahan dhatêng Nagari Walandi, Suryasuparta, 1916, #530 (Hlm. 001-078). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #836.
2.Kêkesahan dhatêng Nagari Walandi, Suryasuparta, 1916, #530 (Hlm. 078-162). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #837.
3.Kêkesahan dhatêng Nagari Walandi, Suryasuparta, 1916, #530 (Hlm. 162-234). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #838.

Bab kaping nêm

Sagantên Têngah (Middellandsche zee = Sagantên Madya Bawana).

Sagantên Têngah (Madya Bawana) mila karan makatên, sabab dumununging samodra wontên têngahing bawana ingkang sisih lèr wastaning bawana ingkang matêsi samodra wau, bawana

--- 163 ---

Eropah, panggenanipun bôngsa kulit pêthak, ingkang sisih wetan, bawana Asiyah, panggenanipun bôngsa kulit jêne, sisih kidul bawana Aprikah, panggenanipun bôngsa kulit cêmêng, dene sisih kilèn toyaning Sagantên Têngah tumêmpur dhatêng toyaning samodra gung Atlanti (Atlantischê Ocêaan) wontên sasêlaning antawis badhe gathukipun poncot bawana Eropah ingkang kidul kilèn, kalihan bawana Aprikah ingkang lèr kilèn. Saupami ing ngriku botên wontên bêdhahanipun, Sagantên Têngah wau inggih sampun botên pae kalihan talaga ingkang agêng sangêt, wontên tikêl gangsal wêlas saking gêngipun Nuswa Jawi, mênggah namanipun karajan agêng-agêng, nagari utawi tanah, ingkang ngubêngi samodra madya bawana wau kaurut saking kilèn mangetan, ingkang kaprênah ing bawana Eropah, rumiyin piyambak nagari Sêpanyê, lajêng nagari Prasman (Pratik, nagarinipun bôngsa prang utawi Pranès) Itali, Ostênrik (nagari wetan) Grikênlan (tanahipun bôngsa Grik) nagari Turki. Saking lèr mangidul, sadaya bawah Turki, karan nama tanah Asiyah alit (Klêin Aziê) tuwin tanah Palestinah (tanah kalairanipun nabi Ngisa). Kaurut saking wetan mangilèn, ingkang kaprênah ing bawana Aprikah, tanah Mêsir, samangke kenging kawastanan manawi sampun [sa...]

--- 164 ---

[...mpun] prasasat kabawah dhatêng nagari Inggris, lajêng Tripoli, samangke kabawah ing karajan Itali, Tunis kalihan Algirs, bawah nagari Prangkrik, poncot kilèn nagari Maroko, ingkang samangke sampun kapêcah dados bawah Prangkrik kalihan bawah nagari Sêpanyê.

Ingatasipun bôngsa ing tanah Eropah, samudra madya bawana wau kaanggêp sêsêpuhing samodra, amargi nalika ing jaman kina, para bôngsa Eropah dèrèng sumêrêp jajahan sanèsipun kajawi tanah sakiwa têngênipun ing ngriku, saking pangintênipun, ing indênging rat raya sampun botên wontên samodra malih, kajawi sagantên têngah wau, saking pamanggihipun, jagad punika botên bundêr, naging kados kalasa gumêlar. Ing têngah-têngahipun wontên toyanipun ingkang angêdhung inggih punika sagantên Têngah. Dene sapinggiring jagad munyêng têmu gêlang, taksih wontên toyanipun malih, nanging toya punika nguwatosi sangêt manawi kaambah ing baita, amargi baita ingkang purun ngambah ing ngriku, samôngsa dumugi ing pinggiring jagad, saèstu badhe kajlungup dhumawah ing jagad ngandhap, makatên pamanggihipun bôngsa kina, ingkang jaman samantên sampun kawilang minulya ing kawruhipun, kados ta: bôngsa Mêsir, Grik, Romê. Awit sakingpunika palayaripun utawi anggènipun [ang...]

--- 165 ---

[...gènipun] sami lurug-linurug prang para bôngsa wau, inggih namung wontên saguthêking sagantên têngah punika wau kemawon, botên purun mêdal saking ngriku. Wontênipun sagantên ing pundi-pundi kaambah ing bôngsa Eropah, punika sawêg titimôngsa lêbêtipun windu agêng ingkang kaping nêmbêlas, petang taun Nabi Ngisa, dados sapriki sawêg watawis gangsalatus taun.

Amangsuli cariyos kula, sadintên muput, sasampunipun kitha Port Said ical saking pangaksi, ingkang katingal inggih namung toyaning Tasik kalihan kuwunging langit, tanpa wontên santuning pasawangan, para panumpak sadaya sami karipan, mila enjingipun kathah ingkang sami ngantuk wontên ing kursi. Sabibaripun nêdha siyang bawanipun taksih arip, kathah ingkang sami lumêbêt dhatêng kamaripun mapan tilêm, satunggal kalih wontên ingkang katingal sumêdya botên tilêm, nanging wusananipun dèrèng antawis sajam inggih sampun botên sagêd nyayuti antukipun,ngantukipun. wêkasan inggih sami tilêm.

Sontên wanci kèndêl jam 7 suruping srêngenge inggih mawi angwontênakên sunaring gagana ingkang cumahya wêning, nanging mênggahing endahipun sampun botên pisan-pisan sagêd nyandhak ingkang katingal nalika lampahipun pun Wilis [Wi...]

--- 166 ---

[...lis] ngajêngakên dumugi pungkasaning samodra rêkta. Enjingipun wanci jam 9 ing sisih têmbing têngêning baita katingal wontên pulo agêng panjang, inggih punika pulo Kandhiyah ingkang ugi karan Kretah (Candia of Krêta) rumiyin nalika nagari Turki taksih agêng bawah ipun wontên ing tanah Eropah, pulo Kandhiyah wau kalêbêt dados jajahan, sapêthalipun tanah Grik saking karaton Turki, Pulo Kandhiyah satêngah ugi katut pêthal, sabab kawênangakên kenging damêl paprentahan piyambak, ingkang mangrèh sakukubanipun pulo ngriku, mawi pangrêksaning panguwaosipun para karajan, Eropah ingkang agêng-agêng, ananging taksih kêdah nganggêp manawi kabawah ing Turki. Dene kawontênanipun samangke, sabibaripun prang Turki ingkang pungkasan punika, pulo kandhiyah mêthal babar pisan saking Turki, lajêng nusup dhatêng karajan Grik, mênggah têtiyangipun ing ngriku kenging kapetang pêpalihan, sapalih tiyang Turki agami Islam, sapalih bôngsa Grik agami Ngisa, mila inggih kêrêp sangêt ing ngriku wontên dahuru, jalaran saking prakawis agami, lampahing paprentahan utawi sanès-sanèsipun, katingalipun pulo wau saking Wilis ngantos watawis gangsal jam dangunipun, mratandhakakên bilih pancèn pulo ingkang

--- 167 ---

sampun kenging kalêbêtan dhatêng golonganipun pulo agêng. Mênggah ingkang katingal cêtha, punika rêdi-rêdinipun wau katingal jêne kados pupukthukanpêpunthukan. pasir, nanging manawi katingalan mawi kaca prakcana, jênening rêdi lajêng gadhah sêmu ijêm, kala-kala ijêmipun ngantos katingal cêtha anjêlarèh kados nyrampangi angganing rêdi, bokmanawi punika wana-wana ingkang wontên ing lêlêngkèh, rumambat ngantos mèh dumugi ing pucak, ing sukuning rêdi-rêdi wau kintên-kintên inggih kathah padhusunan tuwin padhukuhanipun, nanging wantuning têbih, dados inggih botên sagêd katingal.

Bulakaning tasik ing sakiduling pulo mêndhak mandhukul, sampun botên katawis waradin, ebahing toya langkung saking ombak, nanging sampun kenging kasêbut alun, nadyan alunipun wau dèrèng kenging kawastanan agêng, nanging minggah dayaning kêkiyatanipun sakêdhik-sakêdhik sampun karaos saking baita, awit saking punika lampahipun pun Wilis sampun nyongklang malih, sarta sarèhning gêbaging alun saking kiwa, dados baita nêmbingipun manêngên inggih ngantos sawatawis sangêt, toyaning sagantên ing ngriku, nadyan cêlak dharatan, tamtu sampun lêbêt sangêt, dene alunipun sampun gadhah kikiyatan [kikiya...]

--- 168 ---

[...tan] ingkang samantên, awit saupami cêthèk kemawon, kados sagantên tanah Jawi ing pasisir lèr, ingkang racaking lêbêtipun namung 25 mètêr, dayaning alun tamtu botên sagêd samantên kiyatipun inggih sadayannasanadyanna. anginipun agêng. Alun-alun ing ngriku sanadyan agêngipun dèrèng sapradasanipun alun ing sacêlaking Ujung Dingati-Ati (Kaap Gardafui) ewasamantên lingiring gigiripun sampun mawi kuncung pêthak sadaya, kados alun ing Ujung Dingati-Ati, mênggah jambul pêthak wau, punika punthuk toya ingkang kadadosan saking dhêsêk-dhêsêkanipun alun sami alun, sabên alun mawi jambul pêthak makatên, kacariyos punika kenging kangge titikan, bilih lampahing angin ingkang anggêbak dhatêng bulaking toya, pancèn santêr sangêt.

Sarêng pulo Kandhiyah sampun botên katingal, bulakanipun toya katingal sêpi malih. Lêt sadintên sadalu muput sêpining pasawangan namung sagêd ical sakêdhap, sarêng wontên baita ingkang langkung sawatawis cakêt kalihan pun Wilis.

Lêt sadalu malih, sawêg bangbang wetan kula sampun tangi, awit saking dipun gugah prikônca kula panumpak, pêrlu dipun ajak ningali dharatan ingkang katingal wontên sakiwa têngênipun pun Wilis, wiwit kala wingi siyang, para panumpak anggènipun sami angajêng-ajêng sumêrêp dharatan malih,

--- 169 ---

inggih punika dharatan poncot lèripun tanah Itali, ingkang mlojok dhatêng Sagantên Têngah, kalihan pulo Sisili, nanging miturut petangipun para punggawa baita, lumêbêtipun pun Wilis dhatêng toya, ingkang ngêlêti tanah Itali kalihan pulo Sisili wau, wontên wanci lingsir dalu, dados sadaya pilaur sami tilêm kemawon, nadyan kacariyos asri sangêt mênggah pasawanganing pandulu. Salêbêtipun baita wontên ing antawisipun dharatan kêkalih kasêbut ing nginggil wau, ing sisih têngên angsal, blakipun kitha Rètjo (Rêggio), ing sisih kiwa angsal, blakipun kitha Mêssinah, nanging mêrlokakên badhe sumêrêp, wantuning wanci sanès wancinipun, sadaya sami awrat, punapa malih kapêrlokna ngaya-aya, sarèhning wanci dalu, inggih namung badhe sumêrêp dilah-dilah ing kitha kemawon, ingkang makatên punika, botên kenging kaanggêp urup kalihan pangaya-ayanipun, kajawi punika para panumpak ingkang kathah sami sagêd gadhah pamupus kados kula, têmbe manawi wangsul dhatêng tanah Indhiya, bokmanawi sagêd manggih bêgja, langkung ing ngriku nuju ing wêktu pajar.

Enjing wau bibar raup, enggal-enggal kula lajêng minggah dhatêng ing panggungan, sayêktos sakiwa têngêning baita katingal wontên dharatanipun, kula takèkakên, [takèkakê...]

--- 170 ---

[...n,] dharatan wau sampun sanès tanah Itali kalihan pulo Sisili, amargi anggènipun pun Wilis ngambah toya ingkang malêbêt dharatan kalih wau (ingkang kawastanan Straat van Mêsina) sampun nalika wanci lingsir kala wau dalu, dados dharatan kalih kasêbut ing nginggil, sampun kapêngkêr têbih. Dene ingkang katingal samangke punika ugi pulo bawah nagari Itali, kados pulo Sisili, nanging saklangkung alit sangêt, mênggah ingkang kula sumêrêpi langkung rumiyin piyambak, punika pulo alit ingkang wontên satêngêning baita, isi rêdi namung satunggal thil, wujudipun numpêng mawi angêdalakên kukus saking pucakipun, rêdi punika wiwit kina kumina ngantos dumugi sapriki ajêg marapi, dèrèng nate kèndêl marapinipun, karaning rêdi wau dalah sapulonipun kasêbut nama Sêtromboli. Sakiduling pulo punika taksih wontên pulonipun malih sawatawis radi panjang. Sakiwaning baita ing keblat kilèn, wontên pulonipu kalih iji, satunggal katingal wontên rêdinipun ingkang wujud anggêgêr gajah, satunggilipun wontên rêdinipun ingkang wujud anggêgêr unta (mawi nglêngkèh ing têngah). Sarèhning lampahipun pun Wilis sawatawis cêlak kalihan pulo kalih punika, dados sarêng soroting rawi sampun [sampu...]

--- 171 ---

[...n] sagêd mrabani gigiring rêdi, sadaya ingkang dumunung ing sukuning rêdi wau, lajêng sagêd katingal cêtha, ijêming gêgodhongan wana-wana, pêthaking pagêr banonipun griya-griya, ingkang kumroyok ngêmpal sapanggenan, nyihnakakên manawi ing ngriku wontên wananipun agêng tuwin wontên dhusunipun ingkang raharja. Pulo-pulo ing sisih têngêning baita, sarèhning kaprênah wontên ing keblat wetan, dados ngungkurakên wêdaling srêngenge, mila inggih botên sagêd katingal cêtha, punapa ingkang wontên ing suku tuwin èrèng-èrèngipun, jurang pèrèng lêlêngkèhing aldaka, labêt saking kundhukan adênging rêdi, katingal siluk, sukuning giri ingkang mèrèng gathuk kalihan toyaning udaya, katingal ngalêmêng anglamuki, pindha jinèrèngan ing wastra ngangrangan biru têlêng, ingkang radi masêmu pita.

Dungkap jam pitu enjing, pulo-pulo wau sampun ical saking pangaksi, bulakaning udaya katingal rêsik waradin kados carmin, ingkang lumaku dipun ilonana mukaning gagana, ingkang agimbal ima, anetra diwangkara. Wanci lingsir wetan, biruning langit ingkang mêlêsipun namung karegonan sawatawis dening rawat-rawating ima, saking sakêdhik katingal saya pêtêng saya pêtêng, labêt kaleban [kaleba...]

--- 172 ---

[...n] ing mêndhung, ingkang dhatêngipun babandhangan, sakêdhap netra lajêng ngêlèbi sakuwunging ngantariksa, wanci têngange mêndhungipun katingal kandêl sangêt, ngandhanunipun ing ngantariksa pindha panging kitri, ingkang tumiyung saking kawratên boboting wohipun, dungkap lingsir kilèn, siliring maruta saya santêr, saupami wontên ing dharatan, sampun kenging kawastanan prahara. Sakawit dhawahipun talêthik awis-awis, saya dangu saya kêrêp, lajêng dados jawah dêrês sindhung riwut, mila tendha-tendha ingkang kapênthang sanginggiling panggungan nginggil piyambak kangge eyup eyub, saking agênging angin, sakala kapara sami dipun uculi saking pênthanganipun, awit nguwatosakên sangêt, bokmanawi pêdhot tangsulipun utawi bêdhah ing têngahipun dening katêrak lêlampahing angin.

Watawis sajam, kurdaning angin sampun lilih, langit sampun têrang malih, ing nguntara taksih katingal rêgêd sawatawis, nanging rêgêding nguntara wau kapara damêl ngêngrênging pangaksi sarêng dados latar andhasari adêgipun kaluwung, ingkang mêlêngkung kados angrêtêgan tancêbing langit ing pracima, amargi mancawarnining ulêsipun kaluwung wau, wontên ing latar biru ingkang masêmu krêsna, sagêd katingal malela sangêt dumêlingipun.

--- 173 ---

Jam 4 ing pungkasaning pandulu sipat canthikipun ngajêng pun Wilis, katingal wontên palênikipun cêmêng, ingkang saya dangu saya agêng saya cêtha, wasana katingal bilih baita, ingkang lampahipun watawis nêdya ngangkah badhe sasliringan kalihan pun Wilis, sakawit nalika taksih têbih, baita wau ingkang katingal namung tiyangipun, sarêng saya cêlak lajêng kados thumungul; saking bulakaning toya, saya cêlak malih wujuding baita katingal wêtah dalah sacanthikipun wingking. Wasana sarêng sampun cêlak sangêt, sêsipatanipun tiyang-tiyang ingkang sami wontên ing kajogan ing baita, ngantos sagêd katingal têrang sadaya. Baita wau nama pun Tamborah, nunggil Matsêapèi kalihan ingkang anggadhahi pun Wilis, mila purun sisimpangan ngantos cêlakipun samantên, amargi Kaptin ingkang majibi pun Wilis, gadhah jawab dhatêng Kaptin ingkang mangagêngi pun Tamborah, sarana telegram tanpa kawat, ajak-ajakan pêthukan saliringan ingkang ngantos cakêt, pêrlu namung kangge ambingahakên dhatêng para panumpak tuwin para punggawaning baita. Sarêng sampun tatela manawi pun Tamborah ingkang dhatêng sêlot cêlak-sêlot cêlak, botên kadosa bingahipun para punggawa baita, para punggawa Jawi sami ambèbèr sinjang, sarung angkin, utawi sêmbêt [sê...]

--- 174 ---

[...mbêt] sanès-sanèsipun, ingkang kapanjêr kareka gêndera, punggawa Walandi ingkang kapinujon botên nyanggi damêl, sami minggah ing panggungan nginggil piyambak, ngincêng kèikêr, nyambi suka tabe kalihan topi utawi tanganipun. Para panumpak sami karênan, dene angsal têtingalan, ingkang sagêd ngicalakên raos nlawungi manahipun, sadaya botên wontên sapaududan dangunipun, namung sampun kenging kangge trimah lowung. Salêbêtipun pun Tamborah sliringan kalihan pun Wilis, suwantêning para punggawa baita gumêdêr gumuruh, ngasorakên ramening lampor, wontên ingkang anjêlèh suka pamuji basukining lampah, wontên ingkang cêluk-cêluk nyêbut namaning mitranipun, sawênèh wontên, ngêdalakên lucon, para panumpak muhung sami ningali, botên wontên ingkang tumut suka-suka.

Sontên wiwit bibar nêdha, ngantos dalu, para panumpak sami eca angraosakên, anggèning sami tumuntên badhe sagêd mandhap saking baita, têrus lajêng sagêd sêpuran dhatêng ing nagari Walandi, samantên wau inggih namung tumrap para panumpak ingkang badhe mandhap ing kitha Marsèlyê. Dene ingkang badhe mandhap ing Rotêrdham, saking Marsèlyê taksih kêdah ngambah lautan watawis pêndhak dintên.

Ènjingipun para panumpak sampun kathah ingkang ajrih

--- 175 ---

adus, amargi hawanipun sampun wiwit asrêp, sarampunging mangangge kula minggah dhatêng panggungan, ing keblat êlèr wetan, kaprênah têmbing têngêning baita, kula sumêrêp dharatan wiyar, ingkang kêbak rêdi sap-sapan, katingal ngantos kados ombaking udaya manawi nuju kasêrang ing siliring maruta. Dharatan ingkang katingal wau tanah Karangkobaripun pulo Kursikah kang sisih kilèn. Sababipun katingal saking Wilis wontên ing keblat êlèr wetan, amargi lampahipun pun Wilis samangke ngalèr ngidul lêrês ngancas dhatêng kitha Marsèlyê. Sakidulipun pulo Kursikah punika taksih wontên pulonipun malih ingkang langkung agêng, watawis sami kalihan pulo Madura, nama pulo Sardhiniya, nanging pulo Kursikah tumut rèh Repiblik Pranês. Sardhiniyê tumut bawah karajan Itali. Kala wau dalu wanci mèh anggagat raina, pun Wilis inggih langkung ing toya, ingkang ngêlêti pulo kêkalih wau (kasêbutipun ing gambar kar nama Straat Bonifacio katut karanipun kitha alit ingkang wontên têpining gêgisik ingkang sisih êlèr, nama Bonifasiyo). Nanging sarèhning wêktu wau, para panumpak taksih sami tilêm sadaya, dados inggih botên wontên ingkang sumêrêp, pulo Kursikah, nadyan alit kirang majaji ananging sagêd ngadigung [ngadi...]

--- 176 ---

[...gung] dene tanahipun dados siti wutah rahipun Sang Prabu Napoliyon ingkang kapisan, Napoliyon Agung, ingkang awit saking kawantêran tuwin kaprawiranipun, saking trahing alit sagêd anjunjung dhirinipun dados ratu anyakrawati ing tanah Prasman, prasasat ambawahakên sapalihing bawana Eropah, inggih punika Sang Prabu Napoliyun Bonaparte ingkang sirna kawibawanipun dening kasoranipun ing prang wontên ing palagan setra ing Watêrlo.

Wiwit ngambah ing sagantên Bonifasiyo, pun Wilis mêdal saking wawêngkon sagantên Tirin (Tijrrheensche zee) jumêdhul saking sêtrat Bonifasiyo pun Wilis lajêng ngambah ing wawêngkonipun sagantên Galiyê (Gallische zee), Galiyê punika namanipun tanah Prasman nalinalika. jaman kina) lampahipun lajêng ngêncêng mangalèr ngilèn lêrês, ngancas dhatêng têluk Singabarung (Golfe du Lion. Liyon punika têmbung Prasman, têgêsipun Leyo) inggih punika têluk ingkang dipun ongkangi kitha Marsèlyê, jujugane lampahipun sadaya baitanipun Rotêrdham Sêloid wontên ing tanah Prasman, manawi badhe mêndhêt kêkiranganipun sangu arêng sela.

Salêbêtipun Wilis ngambah ing sagantên Galiyê, lampahipun rongèh satê,satêmah. nyongklang ajêgan wah gênjotipun kêrêp,

--- 177 ---

nanging sarèhning kalêrêsan nênggêl lampahing alun, nadyan alunipun sawatawis agêng, dados mêksa inggih botên nêmbing utawi botên gonjing, ewasamantên tumrapipun ingkang genjah êndêman, punika kemawon sampun cêkap dados dhadhakaning êndêmipun.

Wêktu siyang sakuwunging udara sumilak wêning, biru mêlês maya-maya, sami saindênging ngantariksa botên wontên ima ingkang ngumalêndhangi ngilawêning gagana, sakurêbing ngakasa rêsik gumarining, pindha lataring pakarangan, ingkang mêntas kadhawahan rirising rarabi, lajêng sinapon rêsik ing sapu sada. Kacariyos kawontênaning langit ingkang makatên punika, ingatasipun tanah Eropah ingkang sisih kidul, sampun kalêbêt limrah, salêbêtipun mangsa têrangan, sabên dintên wujuding langit kenging katamtokakên rêsik gumrining tanpa kêklêndhang. Nadyan ing môngsa rêndhêng sabên jawahipun têrang, inggih makatên ugi, dene manawi nuju kathah mega, ing wanci surup utawi wijiling surya, mega-mega wau kenging gêbaging sorot rawi, asring sagêd ulês nguda raga. Awit saking punika tuwin saking sakecaning hawa, pasisiring sagantên ing ngriku, inggih punika wiwit saking kitha Marsèlyê mangetan ngantos dumugi kitha Genuwah bawah Itali (pakèndêlaning baita-baita Matsêapèi

--- 178 ---

Nèdêrlan) sabên môngsa rêndhêng dados patirahanipun bôngsa hartawan satanah Eropah sisih êlèr, ingkang sumêdya nyingkiri asrêping môngsa bêdhidhing (Wintêr) ing tanah padununganipun, saurutipun pasisir wau karanipun ing akathah kawastanan tanah Ripiyerah (Rivièra) dene ingkaingkang. môngka ancêr jujuganipun para hartawan ingkang tirah wontên ing ngriku, utawi namung sumêdya amung suka kemawon, inggih punika kitha Montêkarlo, kithanipun karajan ing Monako. Karajan Monako punika talatahipun alit sangêt, manggènipun sumlêmpit ing tanah Itali, cacah jiwanipun namung wontên 13000. Sasêbutanipun panjênênganipun raja ing ngriku namung Pangeran (Prins) ananging sarèhning jumênêng pribadi, dados inggih kagungan karaton tuwin prajurit, dene cacahipun prajurit namung wontên jiwa 70 katindhihan ing Opsir 5. Têtiyang alit ing karajan ngriku botên nyanggi pajêk, nanging sadaya kapacakan botên kenging ngambah ing kasino. Mênggah ingkang dados pamêdaling nagari, inggih punika mligi namung pasokaning pajêg saking griya kasino, manawi kamanah rêsik, inggih kenging kawastanan ruba arta pajêg ingkang wêdalipun saking êndêming kasukan, ananging kosokwangsulipun manawi tinitik wêdaling arta wau, ingkang katampèn [katampè...]

--- 179 ---

[...n] ing panjênênganipun pangeran raja ing ngriku, kathah sangêt ingkang katanjakakên dhatêng pêrlu pangulahing kawruh, pêdhêsing têmbung ruba wau sagêd malik dados kênya mlêgi. Ingkang wontên griyanipun panggenan kasukan, kasêbut nama kasino (Casino) misuwur ing sajagad dados papan palumbanipun para karêm ing ngabotohan, ingkang sampun botên marêm dolanan mawi toh alit-alitan, para hartawan ing tanah Eropah, ingkang kêndêl dhatêng asrêp, kosokwangsulipun manawi môngsa badhidhing kapara dhatêng ing tanah ingkang langkung asrêp tinimbang kalihan padununganipun inggih punika nagari Switsêrlan (Zwitsêrland) utawi Nurwegên (Noorwêgên) pêrlunipun namung badhe asung suka ngatogagên kasênênganipun, anggène badhe langên wontên ing bêbulakaning ès utawi salju. Linggihipun ingkang kawastanan bôngsa hartawan, punika ingatasipun tanah Eropah, tiyang ingkang gadhah simpênan arta apês-apêsipun sayuta (sèwu èwu) rupiyah. Caranipun ing Eropah tiyang gadhah arta punika manawi botên kangge manggaota, tamtu dipun titipakên ing bang, pêrlunipun sagêd angsal sarêman, mênggah sarêmanipun arta satus rupiyah ing dalêm sataunipun, punika padatan mung sakawan rupiyah. Dados saupami gadhah sayuta, ing dalêm [da...]

--- 180 ---

[...lêm] sataunipun namung nampèni arta sarêman 40.000 rupiyah, utawi ing dalêm sawulan 3333,33 rupiyah.

Amangsuli cariyos kula, sarèhning kirang sadalu lampahipun pun Wilis badhe sampun dumugi kitha Marsèlyê, môngka ing ngriku para panumpak kathah sangêt ingkang badhe nglajêngakên lampahipun dhatêng nagari Walandi, sarana numpak sêpur, mila dintên wau ing wanci sontên jam 6 para panumpak kasadhiyan bujana, minôngka sasmitaning wêdharing sukanipun para punggawa, ingkang sami mangrèh lampahipun baita, dene raharja pambêktanipun para panumpak ngantos dumugi ing don puruging sêdya. Kaping kalihipun, bujana wau ugi kêdah dipun tampèni môngka sasmita. Pamintanipun punggawa baita, supados para panumpak alironan pamujyarja, sarèhning mèh sabêntêting côndra anggènipun sami kakêmpalan kados wontên ing baita, wilujêng bontênbotên. wontên satunggal punapa. (bujana wau ing têmbung Walandi dipun wastani afscheiddiner têgêsipun: kêmbul nêdha ngiras andum basukining lampah).

Wiwit mêngkêrakên kutha Port Said, para panumpak satunggal kalih sampun wontên ingkang ngangge jas calana cêmêng. Ing prênahing dhadha mawi balêdhèhan pêrlu kangge ngatingalakên dhasi, ingkang tinangsulakên ing guloning rangkêpan, [rangkêpa...]

--- 181 ---

[...n,] kumlèwèr dhatêng ing dhadha ngandhap, lumêbêt ing pojok balêdhèhaning kotang. Para Opsir baita inggih sampun wontên ingkang ngangge rasukanipun cêmêng, nanging taksih mawi calana pêthak, awit saking punika katingalipun panganggèn pintên-pintên dintên, pating calêmong. Sontên wau botên makatên, sarêng sampun dungkap wancining bujana, para panumpak punapadene para Opsir baita, sabên jumêdhul mêdal saking kamaripun, sampun macak mangangge sarwa krêsna. Satunggal kalih inggih wontên ingkang panganggenipun mawi corak garit-garit pêthak, utawi wontên ingkang ulêsing panganggenipun, kathah iringipun dhatêng kulawu, ananging gêrbanipun sadaya, dhumawahipun dhatêng pasawangan pêtêng. Mêlêsing panganggèn sarwa cêmêng, ingkang mungalakên sangêt dhatêng pêthaking rangkêpan sakiwa têngêning dhasi, punapadene pucuking rangkêpan, ingkang mingip-mingip wontên pungkasaning lêngênan, tuhu damêl ngêngrênging pandulu, nuwuhakên sarining pajagongan.

Nèng: jam nêm, para panumpak pangkat kalih sadaya sampun sami mapan linggih, ngadhêp meja panjang wontên ing kamar nêdha. Thèrèk-thèrèkipun ngubêngi meja, sawanganipun beda sangêt kalihan adat sabênipun, dene sapunika ngêngrêng rêspati, sabênipun pêthak cêbilak, kawimbuhan samangke [sa...]

--- 182 ---

[...mangke] sasêlaning cêmêng kajawi lurubing meja katingal pêthak sumêblak, sêlap-sêlip wontên ulêsipun ingkang manca warni, inggih punika ulês busananipun para nyonyah, ingkang nyêlani linggihipun para tuwan-tuwan, ingkang sami ngêpung meja têngah. Katarik saking mungguhing pasamuwan, saking rumaos kula nadyan swantêning kitiran kêpêt èlèkris,èlèktris. ingkang mungêl wontên, pojokaning gêbyog-gêbyog kados katut beda kalihan sabênipun, padatan larasipun sanga, samangke kados laras manyura. Muntêring kitiran, tleram-tleram katingal gilaping kuninganipun, kados padhanging netya, ingkang sawang bela suka dhatêng ingkang sami eca bujana, brêngêngêngipun pindha umyanging sasanti, anjurungi basukining lampah dhatêng ingkang sami tumut badhe nilar baita.

Wêdaling ladosan nêdha ing wanci sontên punika ing sabên dintênipun sampun kenging katamtokakên kaping nêm utawi pitu, sakawit sop, lajêng ulam loh mawi saos, katêdha kalihan kênthang, lajêng ulam sapi katêdha mawi sayuran kalihan kênthang ongklok, lajêng ulam ayam, bèbèk utawi dara katêdha kalihan manisan, raosipun ragi gurih. Nanging bawanipun tiyang Jawi kados kula, botên kulina nêdha ingkang kados makatên [maka...]

--- 183 ---

[...tên] dados inggih kirang doyan (ladosan sapunika namanipun komput Compote) salajêngipun mêdal tart (taart) kalamôngsa ugi bubur ingkang katêdha kalihan puwan, martega tuwin gêndhis, punika kalêbêt bangsanipun ladosan tart, sasampunipun lajêng kuwih-kuwih, môngka panutup buah-buah, pungkasan piyambak wedang bubuk, sabên pitung dintên kaping kalih, ngajêngakên wêdaling kuwih, taksih mawi dipun sêlani ladosan ès putêr. Botên kirang sae utawi eca angsal-angsalanipun têdha para panumpak, bokmanawi ingkang makatên punika pêrlu kangge nyaranani, supados para panumpak sagêd rumaos gadhah kraos, salêbêtipun ngambah lautan, wontên saguthêking baita. Rêmaning tatêdhan samantên wau, salêbêting pasamuwan bujana, taksih dipun wêwahi malih, pèni-pènining sangunipun ingkang warni têtêdhan, dalu wau kawêdalakên, bung Aspercis (aspêrgês) ulam maliwis, jêram kêprok, nanas tuwin woh anggur, manisan sêkar gêndhis, soklat, mandhêl kalihan kismis, pungkas-pungkasaning ladosan warni minuman Anisèt tuwin Sampanyê. Para panumpak satunggal-satunggalipun angsal tôndha pangèngêt-èngêt baita Wilis, barang alit warni cangkir, kreta, baita, sapanunggilanipun, pirantos [piranto...]

--- 184 ---

[...s] kangge mainan karsèt, kajawi punika taksih sami dipun êdumi kêpêt tepas pulasan, wêdalan saking tanah Priyangan, tuwin para nyonyah taksih angsal tambahan kanthong cangkingan nyatunggal-nyatunggal, ingkang èdi pèni ing dadamêlanipun, pantês kangge pamèran manawi ngêdali pasamuwan alit-alitan.

Para panumpak sadaya katingal suka, lare alit-alit sami bingah nampèni sêkar gêndhis, soklat tuwin dolanan mainan karsèt saking tiyang sêpuhipun, ngajêngakên ngadêg saking meja, opsiring baita ingkang sareka among tamu salêbêtipun bujana, nyandhak gêlas sampanyê, ingkang lajêng dipun umbulakên dumugi sipat dhadha. Sasampunipun ngadêg, opsir wau lajêng pratela, bilih piyambakipun kapiji dados wawakilipun punggawa baita, pêrlu anglairakên lêganing manahipun sadaya para punggawa, dene ing margi sêpên ing sambekala. Môngka panutuping paratelanipun, opsir wau ngucapakên pandonga, mugi pinarêngna sami raharja, sadaya para panumpak, ingkang tumuntên badhe mandhap saking baita. Sakèndêlipun ingkang buka pamujyarja, Walandi ingkang kula cariyosakên rumiyin, katingal rêmên sangêt dhatêng lênggahing tata krama, nyat lajêng ngadêg, gêntosan ambuka wicara, mratelakakên manawi kajurungan [kaju...]

--- 185 ---

[...rungan] ing prikônca, badhe anglairakên suraosing manah ingkang sami angêpung meja, inggih punika suka trimakasih dhatêng awak-awakipun ingkang angsung sugata, trima kasih dene ing margi kalis ing babaya, puwara lajêng ngucapakên pandonga, tunaa ing sambikala, lampahipun pun Wilis dumugi ing don puruging sêdya. Sabibaring lambang wicara sêsulihipun punggawa baita kalihan wawakilipun para panumpak, sadaya lajêng tumut ngadêg, sêsarêngan ngombe minumanipun, bakda makatên lajêng bibaran, pating slêbar wontên ingkang lumêbêt dhatêng kamaripun, wontên ingkang minggah dhatêng panggungan, nyambi ningali suruping diwangkara. Salêbêting mlampah wongsal-wangsul, wontên saguthêking panggungan, ingkang kula raosakên kascaryan kula nalika wau kula mirêngakên alusing têtêmbunganipun Walandi, ingkang kula cariyosakên kawistara sangêt rêmênipun dhatêng tata cara. Sarêng kula samangke sampun sumêrêp tètèripun anggèning pancèn wasis nêtêpi dhatêng tata krama, ical babar pisan tabêting kirang rêna kula, anggèn kula asring mirêngakên dahwènipun dhatêng para prikônca. Lêrês kemawon sugih apanyêndhu, tiyang piyambakipun pancèn [pa...]

--- 186 ---

[...ncèn] sêmbada ing kridhaning ulah tata cara, dados nyawang ing liyan ingkang kirang ngindhahakên dhatêng tata cara, punika saking pangintên kula rêkaos sangêt mênggah ing manahipun, layak botên kuwawi ngampah anggènipun sumêdya angèngêtakên, tataging pasêmonipun Walandi wau, sarèh ing pangucapipun, atut runtuting tatêmbunganipun ingkang kangge nglairakên panganam ing driyanipun, salêbêting ngadêg ambuka wicara, nyihnakakên bilih piyambakipun pancèn sampun kulina wontên ing pasamuan majêng mangsuli panabda. Dangu anggèn kula gêdhêg-gêdhêg ngraosakên kawasisan ingkang samantên, punapa ing tanah Eropah punika wontên pawiyatan ingkang maligi mulang ulah kridhaning pamicara, makatên pangunandika kula, dene para Walandi ingkang sami angsal pangajaran wontên ing tanah Eropah, kathah ingkang sampun kula sumêrêpi, tamtu botên kidhung wontên ing pasamuwan, ambuka wicara utawi mangsuli panabda.

Dèrèng dumugi panggagas kula bab punika, kula kagèt dipun aruh-aruhi mitra kula, sudagar ing kitha Sandham, bawah nagari Walandi ingkang sampun kula cariyosakên daganganipun Gandarukêm, Panjalin, Malam tuwin Kalap. Meinair, Meinair, makatên pangundangipun dhatêng kula, pangucapipun têmbung Meinair wau kathah miringipun dhatêng Mêir- [Mê...]

--- 187 ---

[...ir-] kacariyos ingkang makatên punika kagok Nurd Holan inggih punika tanah nagari Walandi ingkang sisih lèr. Mitra kula wau manawi mungêl, nin (neen = ora) anggènipun ngêdalakên, nain. Water (Water = toya) dados, Woatêr. Atos raosipun dhatêng kuping têmbung Walandi kawêdalakên makatên, nanging bawanipun ingkang ngucapakên rumakêt tandukipun, wah rumêsêp patrapipun, dados inggih botên kamanah kagoking tatêmbunganipun, kajawi pancèn sagêd ngêmpali para prikônca, bokmanawi wantuning sodagar punika, mitra kula wau botên sakitan manah. Kagokipun manawi dipun tirokakên salah satunggiling prikônca, botên nêpsu. Adatipun mitra kula wau mungêl reusachtig (têgêsipun agêng sangêt, prasasat agênging raksasa) sakalir ingkang dipun ucapakên, bilih pêrlu dipun pratelakakên agêngipun, piyambakipun tamtu ngangge têmbung reusachtig (nyariyosna lêmbut pisan, manawi badhe mratelakakên agêngipun, inggih mawi têmbung reusachtig) mila inggih asring dados gêgujêngan, manawi kapinujon piyambakipun nyariyosakên barang alit, môngka inggih mawi dipun tambahi têmbung reusachtig wau. Nanging dipun gugujênga dikados punapa, botên [bo...]

--- 188 ---

[...tên] pisan mitra kula wau badhe nêpsu. Wontên malih saradanipun, inggih punika mungêl beslist, kaucapakên bêslais (têgêsipun sampun kaputusan, nanging kanggenipun dhatêng mitra kula wau kangge ngantêpakên têmbung iya, têmbung Jawi ingkang ngèmpêri têgêsipun, têmbung têmênan) kêrêp sangêt piyambakipun dipun tirokakên anggènipun mungêl, bêslais, ngantos lare jalêr sawêg umur watawis tigawêlas taun ugi asring purun nirokakên tumut ingkang sêpuh-sêpuh, nanging mitra kula katingal kirang rêna sakêdhik kemawon, botên.

Kula dipun undang mitra kula sudagar wau, inggih lajêng mara, wicantênan sakêcap adêg-adêgan, lajêng mapan linggih wontên ing bangku kajêng sawingkinging hèk tambêngtambing. baita. Sakêbêtipun jagongan kula nguda raos salêbêting batos, beda têmên mitra kula punika kalihan Walandi ingkang kula erami kawasisanipun dhatêng ambuka wicara, mitra kula punika katawis manawi trahing banija krami, pakaryan tuwin griyanipun têbih kalihan praja, Walandi ingkang dados tujuning gagasan kula, punika pantês têdhaking priyayi, apês-apêsipun rumiyin sinau ing pamulangan raja. Bedanipun malih, ingkang satunggal, mitra kula rumakêt sumanak, panganggêpipun dhatêng kula sasama-sama, satunggalipun [satung...]

--- 189 ---

[...galipun] nêbih kumlurah gadhah anggêp langkung minulya, punapa ta: sababipun makatên, sakalih-kalihipun sami sampun ngambah tanah Indiya, nanging ingkang satunggal pangambahipun namung sakêdhap, sarta ingkang dipun ambah pulo Borneo tuwin Sumatra, satunggalipun sawatawis lami, ingkang dipun ambah Jawa Dwipa. Punapa punika ingkang dados sabab bedaning patrapipun Walandi kalih wau dhatêng tiyang Jawi kadosa kula. Manawi pancèn makatên, botên gêtun anggèn kula ngaya-aya sumêdya sumêrêp nagari Walandi, manawi para Walandi ingkang badhe kula têpangi rakêt supêkêting pitêpanganipun kados mitra kula ingkang dèrèng nate sumêrêp dhatêng tanah Jawi, môngka pangajaran tuwin kawasisanipun kados Walandi satunggalipun, ingkang kenging sêsakit saking tanah Jawi, inggih punika ingkang kenging kawastanan: mala gumusti-gusti, saiba badhe gênging bingah kula, dene badhe kalêksanan panganta-antaning manah, anggèn kula sangêt kapengin kaanggêp sasami-sami, kalihan bôngsa ingkang ambawahakên siti wutah rah kula nuswa Jawi.

Satunggal kalih ing sapunikanipun ing tanah Jawi ugi sampun wontên Walandi ingkang pitêpanganipun purun sasami-sami kalihan tiyang Jawi, ananging inggih dèrèng sagêd langkung saking satunggal kalih. Rumiyin ingkang sagêd srawung papak midhangan kalihan [ka...]

--- 190 ---

[...lihan] bôngsa Walandi, punika namung Pangeran minggah, ing tanah pasisir manca nagari para bupati. Nanging sapunikanipun sampun kawistara bilih wawatoning sasrawung sasami-sami wau saya dangu badhe saya mêlar, lèrègipun manawi kaulatakên kados ugi badhe ngayut dhatêng uluring kawruh utawi saening pangajaran, botên ngêmungakên darajat tuwin pangkat kemawon ingkang badhe angsal aji ing jaman ingkang badhe andhatêngi, kasagêdan tuwin kalangkungan samantên ugi.

Botên kula cariyosakên ramening para panumpak ing dalu wau, anggèning sami suka-suka mirêngakên gramopun utawi mungsik wontên ing kamar nêdha, kocapa enjingipun wanci bangun raina, para panumpak uthuk-uthuk sampun sami samêkta sadaya, wontên ingkang lendhotan tambing, utawi mlampah-mlampah ing panggungan nginggil, utawi ing joganing baita. Sadaya katingal sami kagawokan anggènipun nyawang dhatêng têtingalan, ingkang gumêlar ing sauruting pasisir palabuhanipun kitha Marsèlyê. Sintênta: tiyangipun ingkang botên kascaryan sumêrêp têtingalan ingkang kados makatên endahipun, ing têmbing têngêning baita ngêbaki sapuputing keblat wetan, ingkang katingal ing netra, rêdi karang babanjêngan, pating cringih pating

--- 191 ---

krowalipun kados anyêmu kirang anatêpi awang-awang, ing têmbing kiwaning baita, bulakaning toya mawi kasêlanan pulo karang alit -alit, pidha kimplah-kimplahing nila ing jêmbangan, ingkang mêntas kinêbur, kêtingal undhukipun pating karambang.

Rindhik sangêt lampahing baita, miturut sanjangipun satunggiling punggawa, wiwit jam sakawan bangun enjing pun Wilis lêrêsipun sampun sagêd malêbêt ing palabuhan Iyasan, ananging sarèhning lêbêtipun baita dhatêng ing palabuhan wau, kengingipun manawi sampun kèndêl jam nêm, dados pun Wilis kapêksa ngêntosi wontên ing muwara sangajênging palabuhan. Saupami wiwit kala wingi lampahipun pun Wilis botên karindhikakên, jam sawêlas dalu sampun sagêd dumugi ing Marsèlyê, ananging sagêda dumugi wanci têngah dalu, inggih mêksa kêdah ngêntosi jam nêm enjing. Awit saking punika mila lampahipun pun Wilis inggih lajêng karindhikakên dumugi sangajênging kitha Marsèlyê, kaptin ingkang nguwaosi pun Wilis, botên purun prentah labuh jangkar, pilaur namung nyuda rikating lampah kemawon, dados wiwit bangun jam sakawan dumugi ngajêngakên jam nêm, lampahipun pun Wilis namung kalangan, wongsal wangsul ngubêngi [ngu...]

--- 192 ---

[...bêngi] sawiyaring muwara, turut pinggir dharataning pasisir, mêdal sasêlaning pulo-pulo, utawi ngalèr-ngidul turut tanggul sela, ingkang nampingi palabuhan Iyasan, kados tiyang ingkang kirang sabar ngêntosi mênganipun kori Brajanala, awon nganggur mlampah-mlampah, pados sambèn namat-namatakên dhatêng pasang rakit tuwin uparêngganipun ingkang gapura.

Pulo-pulo alit ingkang katingal wontên ing palabuhan, sadaya blindhis tanpa wontên kêkajêngan utawi thuthukulanipun, ing pucaking gugumukan karang têngah-têngahing pulo-pulo wau sarêng sampun pajar, katingal wontên pagêr banonipun ingkang ulêsipun kadamêl sami kalihan ulês jênening karang, supados saking katêbihan botên sagêd katingal cêtha têrang. Wontênipun kadamêl makatên, ingkang awit pagêr banon wau tanggul pagêring bêbiting, ingkang kangge anjagi sampun ngantos palabuhan ing kitha Marsèlyê ing wêktu prang kenging kaambah ing baitaning mêngsah, ingkang sagêd ngrisak saisining kitha kadamêl karang abang.

Ngajêngakên jam nêm, lampahipun pun Wilis taksih ajêg alon-alonan, nanging samangke kaancasakên mangalèr ngètan dhatêng calangapaning palabuhan Iyasan,

--- 193 ---

wontên sacêlaking pulo, ingkang punukipun kaadêgan ing bêbiting, para panumpak sagêd sumêrêp cêtha cangkêming wuluh mariyêm satunggal kalih, ingkang kaanguk-angukakên ing sasêlaning krowakan pasagi, wontên sanginggiling gigir tangguling bêbiting. Sakilèning pulo-pulo wau sawatawis têbih, wontên pulonipun malih, katingal sanginggiling pêpunukanipun wontên griyanipun agêng. Kacariyos griya punika pirantos pasinggahan, kangge ngurung para panumpaking baita, ingkang mêntas kèndêl wontên palabuhaning kitha ingkang pinuju kaambah ing sêsakit ingkang sagêd nular, utawi para numpakingpanumpaking. baita ingkang wontên ing margi salah satunggiling tiyangipun wontên ingkang kenging sêsakit ingkang sagêd nular. Samantên wau saèstunipun inggih namung tumrap para panumpak ingkang sumêdya badhe mandhap ing kitha Marsèlyê kemawon. Griya agêng wau kawastanan ing têmbung Walandi Karantènê sêtasiyon (quarantaine-station). Saya cêlak kalihan palabuhan Iyasan, gisikan pasisiring tasik saya katingal cêtha, rêdi-rêdi karang ingkang moncol malunjuk dhatêng sagantên, katingal cêtha agêng inggilipun, langkung cêlak malih lambunging rêdi-rêdi wau katingal cêtha manawi kêbak kêkajêngan, ing suku ingkang ngongkang sagantên kêbak griya-griya, [griya-gri...]

--- 194 ---

[...ya,] ingkang sawang tundha-tundha saking prênahipun botên tata, jalaran manggènipun wontên ing siti mayat, ingkang mayat dhatêng udayaning aldaka. Ing pucaking satunggiling rêdi karang ingkang munggul piyambak ngasorakên inggiling punthuk-punthuk ingkang wontên sakiwa-têngênipun katingal wontên manaraning grija, ingkang pucakipun pinasangan rêca wanodya, kapêtha ngêmban babayi sarwi nyawang dhatêng muwara. Rêca wau pêthanipun dèwi Mariyah ngêmban ingkang putra nabi Ngisa. Ngedap-edapakên sayêktos agêngipun ingkang rêca, inggiling prênahipun, adining wêwangunanipun, rêca wau sakojur pinarada byur, mila botên kadosa dumêlinging sunaripun, sarêng kadhawahan soroting rawi, sampun prasasat gupala kancana.

Bab kaping pitu

Jam sêtêngah pitu, pun Wilis sampun malêbêt ing calangaping palabuhan Iyasan, lajêng ngancas mêdal sasêlaning baita, ingkang sami labuh wontên sapinggiring palabuhan, dhatêng ing panggenan ingkang sampun katamtokakên dados papan labuhipun sadaya baita gadhahanipun Rotêrdham Sêloid, mênggah wangunipun palabuhan Iyasan ing Marsèlyê, sanès sangêt kalihan palabuhan Iyasan ing Tanjung Priyuk, amargi pasisiring muwara [muwa...]

--- 195 ---

[...ra] Marsèlyê sitinipun sela padhas Tanjung Priyuk pasisiripun siti pasir. Sarèhning pasisiring muwara siti padhas, dados kantun mêwahi tanggul sela saujur, ingkang nyêgati sêmpyuking alun muwara. Sasêlaning pasisir kalihan tanggul sela wau, sampun sagêd dados palabuhan Iyasan ingkang sae. Mênggah wêwangunaning palabuhan, murih têrangipun, tanggul sela ingkang nyêgati aluning muwara wau kula embakakên bauning tiyang, ingkang katêkuk kasèlèhakên ing meja wiyar. Sawiyaring meja upami muwara Marsèlyê, dhadhaning tiyang ingkang tumèmplèk ing tambir meja sumêrêp dados pasisiring muwara. Dados lumahing meja ingkang kawakêtan sumèlèhing bau, dumugi tambir ingkang katèmplèkan dhadha punika blakipun gambaring palabuhan Iyasan. Wujudipun dados mèmpêr kulahan panjang, nanging sarèhning kasinggêt-singgêt dados tigang kulah, wujudipun satunggal-tunggaling kulah prasasat mèh pasagi. Pun Wilis sasampunipun lumêbêt dhatêng kulah ingkang wontên ing jujugan, botên pêrlu lajêng dhatêng kulah ingkang têngah, kenging lajêng labuh kemawon, wontên ing sapinggiring palabuhan kulah ingkang jujugan, amargi pancèn ing ngriku panggenan pakèndêlanipun baita, ingkang sumêrêp namung mampir lumêbêtipun dhatêng ing palabuhan Iyasan.

--- 196 ---

Ngajêngakên jam pitu, pun Wilis sampun kèndêl tumèmplèk wontên ing pasisir, ingkang binatur inggil môngka kangge nambiri pinggiring palabuhan, sadaya panumpak sami botên kobêr namatakên kawontênanipun palabuhan, amargi sadaya sami ribut anggènipun tata-tata nyadhiyak-nyadhiyakakên barang-barang ingkang badhe dipun bêkta mandhap dhatêng dharatan, ingkang sami badhe nêrusakên lampah sêpuran, bikut anggènipun ngêdal-ngêdalakên pêthi tuwin kopêripun, ingkang isisandhangan kangge santun salêbêtipun wontên ing margi. Dene ingkang badhe mandhap namung sumêdya sumêrêp kawontênanipun kitha Marsèlyê, mêksa inggih tumut ribut, saking anggènipun ngupados katrangan, watawis pintên jam kèndêlipun pun Wilis wontên ing palabuhan, sarampungipun tata-tata, ingkang sami badhe mandhap, nglajêngakên lampahipun sarana numpak sêpur, lajêng gumrubyuk sami dhatêng kamar nêdha pangkat satunggal, pêrlu tumbas karcis sêpur, ingkang kenging kangge têrusan, saking Marsèlyê dumugi kitha ing nagari Walandi, pundi ingkang dipun kajêngakên dados jujuganing lampah pondhokanipun wontên ing bawah nagari Walandi.

Rotêrdham Sêloid anggenipun nyadèni karcis têrusan wau, pêrlu namung kangge damêl kamayaranipun para panumpak [panumpa...]

--- 197 ---

[...k] kêmawon, sapisan panumbasipun karcis para panumpak taksih sagêd bayar mawi arta Indiya Nedêrlan, botên pêrlu mawi kangelan nglintokakên rumiyin, kaping kalihipun para panumpak, botên susah sabê-sabênsabên-sabên. tumbas karcis malih, manawi sumêdya mampir sadalu utawi kalih dalu, wontên ing satunggiling kitha, ingkang kalangkungan wontên ing margi, kaping tiganipun, sintên ingkang sumêdya sangu arta nagari Prasman utawi sanès-sanèsipun nagari, sagêd nglintokakên artanipun dhatêng ingkang nyadèni karcis, sakajêngipun, kêrtas arta pêcah utawi arta mas, mênggah tiyang ingkang nyadèni karcis ngiras preyalan wau, punika agènipun Rotêrdham Seloid piyambak, ingkang manggèn ing kitha Marsèlyê, kabêbahan nyadèni karcis têrusan dhatêng para panumpaking baita Loid, ingkang pados mayar botên wongsal-wangsul tumbas karcis wontên ing sêtasiyun sêpur. Dene padamêlanipun tiyang wau, tumrapipun dhatêng Loid, inggih namung mapagakên sabên wontên baitanipun Loid lumêbêt dhatêng palabuhan Marsèlyê. Aliya saking punika sampun botên wontên malih.

Sabibaripun katiti priksa dhoktêr, para panumpak lajêng sami mandhap saking baita sarana nguwod balabag, dumugi ing dharatan, ingkang inggilipun mèh sêsipatan kalihan kajoganing [ka...]

--- 198 ---

[...joganing] baita, sadaya lajêng sami ngalêmpak wontên sangajênging gudhang agêng, nyèlèhakên babêktanipun pêthi utawi kopêr wontên ing dhingklik panjang, ingkang sampun kasadhiyakakên wontên ing ngriku. Ngêntosi sawatawis, gudhang lajêng kaêngakakên, punggawa pabeyan (douane dhuwane) wontên tiyang tiga, mangangge kados panganggenipun prajurit utawi pulisi, mêdal saking gudhang wau, lajêng sami ambikaki pêthi tuwin kopêr, ingkang sami kasèlèhakên ing dhingklik sintên ingkang ambêkta srutu langkung saking sadasa iji, kêdah bayar sadasa sèn, (20 centimes sèntim) tumrap satunggal-satunggalipun srutu, langkungipun saking sadasa iji wau. Sigarèt samantên ugi. Bêktan kula srutu wontên salangkung, sarèhning kula manah rugi, manawi kula bayar prabeyanipun srutu gangsal wêlas iji, dados langkunganipun saking sadasa kula purih bêskup kemawon, sadaya prikônca kula ugi kathah ingkang manah makatên, mila sarampunging pêpriksan, bêskupan srutu tuwin sigarèt ingkang kaklêmpakakên dados satunggal, inggih èkêtan.

Wiwit mandhap saking baita kula tansah botên pisah kalihan prikônca kula, ingkang sampun purun ayon wiwit wontên ing baita, badhe sêsarêngan nunggil lampah,

--- 199 ---

nunggil jujugan, tuwin nunggil pondhokan, salêbêtipun wontên ing margi. Salêbêtipun barang kapriksa, prikônca kula ingkang nelegram dhatêng Hotêl Kontinèntal (Hotel Continental) nalika pun Wilis taksih wontên ing Port Said, suraos nêdha dipun sadhiyanana kamar pasipêngan sadhatêngipun wontên ing Marsèlyê, dangu klintêran madosi bêbau Hotêl Kontinêntal, ingkang sampun kajagèkakên tamtu mapag tiyang ingkang sampun nêmbung nêdha pasipêngan. Dèrèng ngantos rampung pamriksaning barang, prikônca kula wau sampun wangsul, pratela manawi sampun pinanggih kalihan ingkang dipun upadosi, samangke sawêg kapurih ngrigênakên Kareta Andhong, kingkangingkang. sami badhe dipun tumpaki. Rampung babêktan kula saprikônca kapriksa, kula saprikônca lajêng numpak andhong, sampun botên mawi ngawis utawi mawi prentah, kantun numpak kemawon, amargi sampun karigênakên bêbauning hotêl ingkang badhe dipun pondhoki.

Kreta lumampah, dèrèng angsal satus mètêr sampun kaandhêg dening punggawa pabeyan, wontênipun ngandhêg, punggawa pabeyan wau nêdha sumêrêp isining slêpèn, pêrlu katitèkakên punapa cacahing srutu utawi sigarèt, ingkang kasimpên ing slêpèn, sampun lêrês kirang saking wêwangkitaning [wêwang...]

--- 200 ---

[...kitaning] nagari sadasa iji. Prikônca kula wontên ingkang slêpènipun isi sigarèt langkung saking sadasa, sarêng punika katêdahakên, punggawa pabeyan ingkang mriksa namung manthuk-manthuk kemawon, botên ngabani dhêndhan, botênbotên ngira. manawi radi gadhah koma-koma. Langkung kapriksa kreta lajêng kenging lumampah malih.

Wiwit jlig mandhap saking baita, raosing manah kula lêga, dene sampun kapêngkêr lêlampahan kula ingkang layaran, saking pangajêng-ajênging manah, kantun badhe ngraosakên bingah, sumêrêp têtingalan ingkang dèrèng nate kula sumêrêpi. Anggagas dhatêng kawontênanipun lampah, rumaos sampun botên wêgah tuwin botên awang-awangên, jêr lampahan kantun kalih dintên, kapara manawi kajujug sadintên sadalu, wah namung lampahan sêpuran. Saking lêga bingahing manah, kawimbêtan gênging pangajêng-ajêng, enggala dumugi panggenan pasipêngan, salêbêtipun kreta lumampah kula eca rêraosan kalihan para kônca tunggil kula sakreta, kirang mêrduli kula dhatêng punapa ingkang katingal ing margi, batos kula, manawi badhe nuwukakên pasawangan, mangke siyang utawi mangke sontên taksih sagêd. Nadyan makatên gagasan kula, ewasamantên taksih wontên barang ingkang kalêbêt dhatêng pamanahan [pamanah...]

--- 201 ---

[...an] kula, inggih punika tendhaning kareta, ingkang kula tumpaki, saking punapa, saking anèhipun, manawi wanguning kareta, milor (mijlord) sami kalihan milor ingkang sampun kula sumêrêpi ing tanah Jawi. Sarêng tendhanipun, pancèn limrahipun cêmêng kuwung, kenging kajêplakakên dhatêng wingking, punika warninipun pêthak, wujudipun kados payung motha, (wontênipun kula wêstani kados payung motha, awit adêging tendha botên angsal wat-wat saking wingking, nanging ngadêg sumèlèh ing dhandhan, dene manawi badhe kaingkupakên, pratingkah ingingkupakên, inggih kados ngingkupakên payung motha) kareta ingkang mawa tendha makatên punika, botên ngêmungakên ingkang kula tumpaki, nanging sadaya. Mênggah pigunanipun kareta dipun tendhani makatên, ingkang numpak sagêd angsal eyub-eyub, tur sagêd ngraosakên sakeca wah taksih sagêd nyawang ngiwa nêngên, dados pamrihipun, sagêd botên kêbêntèrên, botên kêsumukên, tur ing manah bètênbotên. unêl, margi sagêd nyawang ngiwa nêngên, tendha makatên wau kanggenipun inggih namung sadangunipun môngsa bêntèr, manawi sampun dungkap môngsa asrêp, tendha limrah kapasang malih.

Lampahing kareta sakêdhap sampun mêngkêrakên gudhang gudhang, [gu...]

--- 202 ---

[...dhang,] griya gêdhong agêng-agêng, ingkang pating janggêlêg ngêbaki sauruting tambir palabuhan iyasan, sasampunipun nugêl margi agêng, ingkang katingal saklangkung rêja, dening kathahing tiyang tuwin têtumpakan ingkang langkung ing ngriku, nanging menggok sapisan kreta sampun lajêng kèndêl sangajênging kontên griya agêng. Kula saprikônca amandhap, sanalika lajêng kapapagakên ing bêbauning hotèl tiyang kalih, satunggal gupuh-gupuh anggènipun nulungi ngandhapakên barang-barang babêktan kula saprikônca, ingkang taksih wontên ing kareta, satunggalipun mangangge sawitan lakên ijêm, mawi topi, tuwin lêngênan ingkang rinenda, ngirid dhatêng kula saprikônca, nêdahakên marginipun dhatêng kamar-kamar, ingkang sampun kasadhiyakakên kangge sipêngan kula saprikônca. Sasampunipun petang-petangan bayaran kareta, kopêr-kopêr sampun kalêbêtakên ing kamar kamar pondhokan, kula saprikônca lajêng linggihan wontên ing kamar maos, sacêlakipun kamar ingkang kangge papan nêdha. Ing ngriku kula saprikônca sami ngraosakên bab pasang rakiting griya ing tanah Indiya. Wiwit blêng lumêbêt ing kontên, dèrèng jumangkah tigang tindak, [ti...]

--- 203 ---

[...ndak,] sampun kêdah minggah undhak-undhakan, dumugi nginggil, lumampah limrah dèrèng ngatos wontên sadasa tindak, sampun kêdah minggah undhak-undhakan malih, makatên salajêngipun ngantos dumugi lotèngan ingkang inggil piyambak. Undhak-undhak waluwau. lampahipun motrèk, manggènipun wontên têngah-têngahing griya, dados manawi wontên ing undhak-undhakan lotèng, ingkang nginggil piyambak, manglung sanginggiling gocèkaning undhak-undhakan, sagêd sumêrêp kajoganing griya ingkang sipat radinan, motrèkipun undhak-undhakan wau ubêngipun manêngên, dados satêngêning undhak-undhak sajawining gocèkan, sampun botên wontên punapa-punapa, kajawi lowahan ingkang kula cariyosakên ing nginggil wau. Dene sakiwaning undhak-undhakan, sabên minggahipun undhak-undhakan dumugi kajoganing panggungan, ing pojokan wontên marginipun lengkongan, ingkang anjog dhatêng kontêning kamar. Margi lengkongan wau julêgipun ngantos lêbêt, sakiwa têngênipun wontên kontên-kontênipun malih, jèjèr kalih utawi tiga, asring ngantos sakawan, dene kontên-kontên wau sadaya, anjog dhatêng ing kamar pasipêngan, kamar-kamar ingkang wontên panggungan, ôngka satunggal tuwin kalih, mèh sadaya wiyar-wiyar [wiyar-...]

--- 204 ---

[...wiyar] pagêr banonipun saubêngipun kamar mawi dipun tèmplèki dalancang sasêkaran, isining kamar patilêman, kursi, pangraupan, gambar-gambar, sadaya pelag-pelag, saya minggah kamar-kamaripun saya ciyut, rêrêngganing kamar saya suda saenipun, isining barang pirantos kantun sapêrlunipun, mila katata makatên, pamrihipun hotèl botên badhe mangsulakên dhatêng tiyang ingkang pados pasipêngan, sintên ingkang purun bayar kathah, sagêd nyipêng wontên kamar ngandhap, botên patos kangelan minggah mandhap, ingkang botên purun bayar kathah sagêd nyipêng wontên nginggil, sampun kêrêp kula sumêrêp ing gambar salêbêtipun buku, gambar sorot utawi gambar gêsang, mênggah tata rakitipun griya utawi hotèl ing tanah Eropah, nanging sarêng sumêrêp sawantah, kula mêksa inggih taksih gumun, saking sangêt bedaning kawontênanipun.

Bibar raosan prakawis tata rakiting hotèl, kula saprikônca awon nganggur sami metang dangunipun anggènipun sampun sami kekesahan. Jam kalih dalu tanggal ping 9 Rêjêb, 1843 utawi kaping 14 Juni 1913 pun Wilis nilar muwara ing Samarang, lêt kalih dalu dumugi ing Batawi, tanggal kaping 16 Rêjêb, utawi kaping 21 Juni dumugi ing Padhang, kaping 28 Rêjêb, utawi kaping 3 Juli dumugi ing Perim, kaping

--- 205 ---

kalih Ruwah utawi 7 Juli wontên ing Kanal Suès, kaping 8 Ruwah utawi 13 Juli dumugi ing Plabuhan Marsèlyê, dados gunggunging lampah ngambah lautan wontên 30 dintên, utawi sawulan bathêthêt sampuna kêdah mawi kaêlong tigang dintên, kèndêlipun baita wontên ing palabuhan Tanjung Priyuk.

Sawêg eca kukula. saprikônca sami rêraosan, kasaru dhatêngipun tiyang ingkang mapagakên dhatêng kula saprikônca wontên sapinggiring palabuhan iyasan, tiyang punika kagolong tumut punggawa ing hotèl ingkang kula sipêngi. Mênggah pandamêlanipun namung mêthuk tuwin ngirid anêdah-nêdahakên kawontênanipun kitha, dhatêng têtiyang ngamanca ingkang nyipêng ing hotèl ngriku. Juru pangirid wau (ing têmbung Walandi kawastanan: gids) nantun dhatêng kula saprikônca, sarwi ngulungakên buku isi gambar griya salêbêtipun kitha Marsèlyê, ingkang sayogi dipun tingali, punapa kula saprikônca purun ngangge damêlipun, manawi angajêngi kêdah mawi nyukani pituwas dhatêng piyambakipun, ing dalêm sadintênipun sadasa prang (gangsal rupiyah). Kula saprikônca angajêngi. Sasampunipun ngliling gambar sakêdhap, ingkang sumèlèh ing mejakamar maos, nunggil kalihan buku-buku ingkang mawi gambar-gambar kaadènanipun ing kitha Marsèlyê, [Mar...]

--- 206 ---

[...sèlyê,] supados sakêdhik gadhah pandoman dhatêng alang ujuripun kitha, kula saprikônca lajêng mangkat sêsarêngan, nginthil lampahipun juru pamirid.

Sawêg jumangkah kontên, kula saprikônca kacandhêt ing tiyang sade keikêr, pêrlu dipun tawèni tumbas sêsadeyanipun, sarèhning saking panimbang kula rêgining kèikêr, miturut tawènipun mirah sangêt, kula kapara ajrih tumbas saking sakêdhik radi gadhah rasa sujana, prikônca kula satunggal wontên ingkang purun ngawis, sarêng barang kaawis namung kaping kalih, sampun dipun sukakakên, katitèkakên, mênggah wujudanipun, èstonipun inggih botên kêblondro panumbasipun, jêr mirid saking rêrêgènipun, kèikêripun pancèn kalêbêt sae.

Mêdal saking radinaning hotèl, botên ngantos mawi menggok, kula saprikônca sampun dumugi ing radinan agêng ingkang saklangkung rêja, karanipun nama rue Cannebière (rue punika têmbung pran, Jawinipun radinan) inggih punika karadinan agêng ingkang kula cariyosakên ing nginggil, katugêl ing lampahipun kareta kula, nalika kula mandhap saking baita badhe dhatêng ing hotèl kala wau enjing.

Radinan ing ngriku, dadyannadyan. wiyaripun watawis tikêl sakawan kalihan radinan agêng ing tanah Jawi, ewasamantên saking [sa...]

--- 207 ---

[...king] kathahipun tiyang tuwin tutumpakan, Trèm Oto, kreta, pit, tuwin grobag momotan ingkang sami langkung ing ngriku, radinan wau ngantos katingal ciyut, bokmanawi kajawi sabab saking punika, wontênipun katingal ciyut wau, ugi kabêkta saking prênahing panggenanipun, sapisan ujuring radinan kaapit-apit ing griya agêng-agêng, ingkang sap-sapaning pêpanggunganipun ngantos sungsun gangsal nênêm, asring ngantos dumugi pitu. Kaping kalihipun, sakiwa têngêning radinan, watawis sadasa jangkah saking sipat adêging griya-griya, mawi kawatês ing bêbatur, ingkang inglipuninggilipun. watawis tigang kandêling banon, kadamêl langkung munggul saking sipating radinan ingkang têngah, ingkang makatên wau, lêrês angwantênakên,angwontênakên. nglanguting pandulu manawi madhêp nurut ujuring radinan, nanging kosokwangsulipun, manawi dhêpipunadhêpipun. ngalangakên radinan, icaling sumêblakipun pasawangan lajêng angwontênakên rupêking pulatan, kajawi punika sumriwêtipun tiyang langkung, ingkang lumampah tanapi ingkang nênumpak, damêl supêk bunêling manah, ingkang mawi kaworan raos bingung sakêdhik, bunêl bingunging manah wau, anambahi dhatêng klèntuning pangraos ingkang mastani bilih wiyaring radinan taksih dèrèng nyêkapi. Inggih nadyan manawi kamanah, sayêktos, tiyang sakula kêdah walèh, [wa...]

--- 208 ---

[...lèh,] bilih salami kula gêsang, dèrèng nate sumêrêp radinan ingkang samantên wiyaripun, nanging èmbèl-èmbèlipun tiyang tuwin têtumpakan samantên kathahipun, langkung wontên radinan satunggal, kula inggih dèrèng nate ngalami.

Salêbêtipun kula lumampah ing radinan, ingkang sampun kasadhiyakakên kangge margi tiyang, (kawastanan trottoir, trotwar) kula kraos sangêt ing dalêm manah, prabedanipun kitha ing tanah Eropah, manawi katimbang kalihan kitha ing tanah Jawi. Radinan ing kitha Batawi, tutungguling kitha, botên ngêmungakên satanah Jawi, nanging sanuswantara Indiya Wetan, manawi kapandhing kalihan radinan punika, ngingkenging. kawastanan sanès amput-amputipun, inggih punika ing bab saening pangupakaranipun, tata tuwin raharjanipun ingkang sami lumampah, atanapi endah saha ramening pasawangan, sawiyaring radinan têngah, ingkang kangge langkung sarupining tutumpakan tuwin garobag, kadamêl radi anggêgêr maesa sawatawis, blêg dipun tatani sela pasagèn, wiyaring pasagènipun satunggil-tunggiling sela watawis satutuping tangan tiyang, dene wujuding sela kulawu cêmêng. Nadyan sasêlaning ril trèm, ingkang kapasang rangkêp sakawan wontên antawis têngah-têngahing radinan, inggih dipun tatani sela ingkang kados makatên wau. Lampahing [Lampah...]

--- 209 ---

[...ing] tiyang, grobag tuwin tutumpakan, simpang-simpanganipun manêngên, botên kados ing tanah Jawi abên bau têngên, mila kula manawi badhe nyimpangi, sakawit inggih radi mawi gojak-gajêk, awit saking dèrèng kulina. Mênggah kawontênanipun tiyang ingkang langkung, inggih sampun prasasat sulung. Pêkên tumawon ing tanah Jawi, nadyan mênang rame umyungipun, nanging kawon pipit sêg-sêganipun, botên sagêd tiyang lumampah tanpa sêsenggolan pundhak bau utawi tangan. Sintên ingkang badhe nugêl radinan, kêdah mawi nangguh mênganing radinan, utawi pados sêlaning lampahipun grobag tuwin têtumpakan, samantên wau taksih kêdah mawi ngangkah, milih panggenan ingkang cêlak pratigan utawi prapatan, awit ing ngriku wontên papanipun ingkang kenging kangge kèndêl wontên ing satêngah-têngahing radinan, papan wau wujudipun andalojor panjang, asring ugi warni bundêran. Mênggah sipatipun papan wau kalihan radinan kadamêl radi munggur sawatawis, sarta ugi mawi kabatur kados margi ingkang kaminakakên kangge tiyang, dados isthanipun kados dene pulo-pulo alit, ingkang dumunung wontên têngah-têngahing narmada, dene ingkang môngka toyaning narmada ing ngriki inggih sela lapising radinan. Tiyang ingkang badhe lumampah nugêl radinan, [ra...]

--- 210 ---

[...dinan,] langkung malih tiyang ngamanca, ingkang dèrèng kulina ngambah margi ingkang rêjanipun samantên, dados inggih kêdah ngatos-atos sangêt, botên kenging kasanggi sêmbrana.

Têtumpakan tuwin garobag momotan ingkang ngambah radinan ingkang bagiyan têngah, lampahipun anggili, prasasat sampun botên wontên pêdhotipun, urut-urutanipun asring rangkêp kalih, utawi ngantos rangkêp tiga. Sarèhning sadaya simpang-simpanganipun manêngên, dados sawiyaring radinan kados binêlah dados kalih, sasisih kangge langkung ingkang ngambah bageyan kiwa, upami punika milir, sasisihipun bageyan têngên, kangge nungsung, awit saking punika ebahing têtumpakan, ingkang wontên radinan bagiyan têngah manawi kasawang saking katêbihan, sampun botên pae kalihan ilining toya. Botên mencok ing pêpindhan, dene lampahing ili bêbêlahan milir nusung. Pundi wontên toya mili rujak sêntul lampahipun.

Kanthi sawatawis rêkaos kula majêng saprikônca ing trotwar, ingkang awit sarèhning sadaya ngangkah sampun tunggal wontên ingkang tilapan, dados pêrlu lumampahipun mawi mandhêg mayong êntos-êntosan. Langkung malih manawi nuju

--- 211 ---

wontên sangajênging kafe, botên kadosa rêkaosipun angajêngakên lampah. Saking kêbaking papan ing griya kafe têtiyangipun ingkang sami milih anjajan minuman, linggihipun ngantos sami ngêsuk dhatêng kajoganing trotwar, damêl rupêging margi tiyang, manawi ngêmungna satunggal kalih griya kafe ingkang kêbak, tamunipun ngantos lumèbèr dhatêng radinan, tiyang punika sadaya griya kopi makatên. Panglonjokipun dhatêng radinan têtiyang jajan wau botên pisan dipun awisi, amargi miturut sanjangipun juru pangirit, makatên punika sampun dados caranipun ing ngriki.

Kula saprikônca nadyan rêmbên sangêt, labêt saking dèrèng kulina lumampah kanthi tansah mawi pados sêlaning suk-sukan, nanging dangu-dangu mêksa inggih sagêd majêng. Nilar trotwar ingkang kathah kafenipun, kula saprikônca lajêng angsal ombèr sawatawis, kala-kala inggih taksih suk-sukan, nanging sampun botên kados ingkang kapêngkêr. Ing panggenan ingkang nuju sêla, kula sagêd ningali dhatêng kajoganing trotwar, môngka suwau andhingkluk kemawon, prasasat botên sagêd, mênggah kajoganing trotwar wau blêg sawiyaripun kapasangan jobin alus, pasagèn wiyar-wiyar, wiyaring jobin watawis sajangkah limrah, warninipun [war...]

--- 212 ---

[...ninipun] kulawu sêmu biru. Sabên sacêlaking pojokan, bilih trotwar badhe nêkuk dhatêng margi simpangan, jobinipun wontên sêratanipun agêng-agêng mungêl Cannebière ing enggok-enggokan ingkang lumêbêt dhatêng margi simpangan, wontên sêratanipun malih, mungêl naminipun margi simpangan wau. Pamrihipun sêratan wau, kangge nêdahakên margi dhatêng sintên ingkang dèrèng kulina ngambah ing ngriku. Manawi ing tanah Indiya, kajawi pakampungan panggenanipun bôngsa Walandi, radinan punika botên gadhah nama, namanipun nurut namaning kampung utawi pêkên ingkang dipun langkungi, ing tanah Eropah botên makatên, pakampungan botên wontên ingkang gadhah nama, namung radinan tuwin margi punapadene alun-alun, punika ingkang gadhah nama.

Lumampah angsal watawis tigang atus mètêr, kula saprikônca sampun rumaos wêgah badhe nglajêngakên lumampah, sabab satêlasing pandêlêng, sumriwêtipun tiyang tuwin têtumpakan ingkang wontên ing radinan ing keblatajêngkeblat ngajêng. kula, taksih sami kalihan ingkang sampun kapêngkêr. Dados saupami lajênga lumampah, badhe dangu sagêdipun luwar saking suk-sukan, miturut sanjangipun juru pangirid, rêjaning radinan ing ngriku, dintên-dintên ajêg kados makatên punika. [puni...]

--- 213 ---

[...ka.] Dintên punika wontên langkungipun sakêdhik, jalaran dintên punika dintên agêng tumrapipun Repiblik Prangkik, dintên ingkang dipun kurmati agêng-agêngan, punika lêrêsipun benjing-enjing, dintên tanggal kaping 14 Juli, awit punika titimôngsa adêgipun Repiblik Prangkik (paprentahan ingkang tanpa pangagêng raja, pangagênging nagari namung kasêbut Prasidèn, dadosipun sarana kapilih ing kathah, dene laminipun anggèning kawênangakên mangagêngi paprentahan, kajawi manawi kapilih malih rambah kaping kalih, kêdah namung gangsal taun) ananging kirang sadintên kitha-kitha sabawah Prasman wiwit sampun karêngga-rêngga, sadaya padamêlan sampun kaliburakên, benjing enjing ing kitha Paris, indung kithanipun Repiblik Prasman, badhe wontên paradhê agêng, minôngka pakurmatan tingalanipun adêging Repiblik, inggih punika baris agêng, ingkang dipun jênêngi pangagênging repiblik, paradhê wau wontênipun kacariyos namung sataun sapisan, sabên tanggal kaping 14 Juli, prajuritipun ingkang baris, sadaya wontên kalih lêksa (20000) sarta sadaya mangangge agêng (groot-tênuê) warni-warni manut rèh golonganipun piyambak-piyambak, golongan dharatan, kapalan, lautan utawi udaran. Ingkang dharatan taksih kapêcah dados bagiyan [bagiya...]

--- 214 ---

[...n] ingkang nyêpêng dêdamêl sanjata tuwin mitraliyur (sanjata ingkang sarupi kados mariyêm alit, sagêd mungêl kaping tigang atus ing dalêm samênit) ingkang kapalan kapêcah dados bagiyaningkang nyêpêng dêdamêl kêrbin, utawi ngungêlakên mariyêm, ingkang lautan kapêcah dados bagiyan ingkang nglampahakên baita limrah utawi baita ingkang sagêd salulup. Ingkang udaran kapêcah dados bagiyan ingkang numpak masin mabur (aeroplane) utawi nglampahakên baita mabur (luchtschip) sadaya wau taksih mawi kapêcah malih miturut brigadhê utawi rèsidènipun, ingkang beda-beda panganggenipun, kacariyos manawi nuju paradhê makatên, alun-alun Paris sirna sipating bubulakanipun, ingkang katingal kantun wujuding prajurit, ingkang dhatêngipun anyagantên rob ngêlèbi alun-alun, manawi sampun sumêbar ngêbaki bulakan, prasasat sêkar sataman mawarni-warning panganggenipun, saupami kula enjing wau lajêng bidhal dhatêng Paris, mangke dalu sampun sagêd dumugi, dados taksih sagêd nyandhak, bilih nêdya ningali paradhê enjingipun, ananging inggih sapintên kapengin kula kalihan prikônca kula ingkang nèm-nèman, badhe ningali paradhê wau, sarèhning ingkang môngka pangajênging lampah (tiyang ingkang ngambahipun tanah Eropah sampun kaping tiga punika) anggendhol [angge...]

--- 215 ---

[...ndhol] ngajak aso wontên ing Marsèlyê rumiyin, kula saprikônca inggih sami mupus, narimah botên sumêrêp kemawon.

Golonging rêmbag kula saprikônca badhe ningali minggah dhatêng grija sapucaking rêdi, ingkang katingal saking baita kala wau enjing, nalika pun Wilis taksih kumambang wontên têngahing muwara. Juru pangirid mrayogakakên numpak trèm, kula saprikônca miturut. Wontên têngah-têngahing pratigan, kula saprikônca ngadêg urut-urutan ngêntosi trèm, ingkang lumampah dhatêng grija, anggèn kula ngêntosi ngadêg wontên ing papan munggul, ingkang kula upamèkakên ing nginggil kados pulo-pulo ingkang wontên satêngahing lèpèn, sadaya trèm ingkang langkung, ing payonanipun ingkah sisih ngajêng tuwin ngiringan, mawi wontên sêratanipun, mungêl namaning radinan ingkang dados têlas-têlasaning lampahipun, sarêng trèm ingkang lampahipun badhe dhatêng grija katingal dhatêng juru pangirid, piyambakipun lajêng ngabani mulad, supados kula saprikônca ngatos-atos, anggènipun sami minggah dhatêng trèm, samandhêgipun trèm, juru pangirid lumêbitlumêbêt. rumiyin, kula saprikônca ngêtutakên minggah dhatêng trèm, kula dèrèng ngantos mapan linggih, trèm sampun lumampah malih.

--- 216 ---

lampahipun trèm anglêr sangêt, awit lumampahipun sarana èlèktris, botên sarana sêtum, mênggah bedanipun trèm punika kalihan trèm èlèktris ing Batawi botên kathah, trèm punika bangku linggihanipun ugi malang, nanging adhêpipun ajêng-ajêngan, sarta bedanipun malih trèm punika, ing kiwa têngênipun mawi katutup tendha ingkang adhapur paesan wangunipun, mèh sadaya trèm ingkang langkung, rèntèng-rèntèng grêbongipun kalih utawi tiga, sarta sarèhning nuju dintên agêng, palang tosan ingkang dumunung sanginggiling payon kreta, angsal kalihan kawat, èliktris ingkang kapênthang sanginggiling radinan, kiwa têngên mawi kapasangan gêndera alit-alit, ulês biru pêthak abrit, warninipun gandera rêpiblik ing Prasman (sami kalihan gandera karajan nagari Walandi, nanging beda petak-petakaning ulês botên kadamêl mujur, nanging kadamêl malang). Kumitiring gandera alit-alit wau,èstu damêl asrining pasawangan, sarta ngwontênakên raos katut dhangan, dening katarik saking raosipun tiyang sakitha,ingkang suka-suka ngèngêti dhatêng dintên karameyan. Samargi-margi sabên wontên griya nagari, kados ta: griya pulisi, gêdhong pangadilan, utawi griya kitha, kados ta: griya pumpa gêdhong pakêmpalanipun para lidradkitha, tamtu mawi [ma...]

--- 217 ---

[...wi] karêngga-rêngga ing gandera. Mênggah pangrêngganipun naracak têngah-têngahing saka agêng-agêng,ingkang jèjèr-jèjèr nyangga payoning griya, ingkang sisih ngajêng,kapasangan tamèngan ingkang pinarada mawi aksara R.F.(Republique francaise) ing kanan keringing tamèngan mawi kapasangan gandera alit-alit, kadamêl sap-sapan, manawi botên sap tiga inggih sap sakawan.

Mêdal saking rue Cannebière lampahipun trèm nêkuk manêngên, bablas mangidul mêdal têngah-têngahing radinan,rue de Rome, wiyaring rue de Rome, katsihtaksih. sami kalihan, rue Cannebière, sakiwa têngêning radinan taksih kathah toko-tokonipun, namung kathahing tiyang ingkang langkung sampun sawatawis suda. Lampahing trèm nugêl pratigan wiyar, sacêlakipun ing ngriku wontên rêcanipun agêng ngadêg wontên ing bancik ing nginggil,ingkang kinêpung ing rêca prajurit Prasman, kapêtha ungkur-ungkuran, lumawan ing mêngsah salêbêtipun paprangan, rêca punika minôngka pangèngêt-èngêt adêging repiblik Prasman, ingkang sagêdipun kalampahan saking pambantunipun ing prang tiyang kitha ing Marsèlyê, ingkang sami lumurug dhatêng kitha Paris,ngencangi nêtêpakên adêging kamardikan.Sacêlakipun rêca wau,lêt radinan kathah bango-bango tendha ingkang rinêngga ing

--- 218 ---

gandera. salêbêting bango, isinipun tiyang sêsadeyan dolanan utawi woh-wohan, têtingalan,ubêng-ubêngan(draaimolên) bandulan,mawarni-warni ingkang dados karêmênanipun lare,pêpak sadaya, tiyang inggih adadipun karameyan, ing samargi-margi mèh sabên pratigan utawi prapatan,wontên patamananipun, satêngahing tamanan padatan mawi wontên rêcanipun,tôndha pangèngêt-èngêt, utawi namung minôngka pasrèn, banciking rêca-rêca wau,salong wontên ingkang adêgipun wontên satêngahing blumbangan, padatan mawi ingapit-apit utawi kinubêngan pancuran, tuwin asring ugi tumumpang sanginggiling grojogan, warni-warni wêwangunaning blumbangan, wontên ingkang pasagi, wontên ingkang bundêr, nistha wolu binongkok-bongkok, sawênèh wontên ingkang wangun sêkar mêgar utawi nutuk canthuk. Kêkathahên manawi kula cariyosna sadaya, namung pasawanganing patamanan-patamanan wau,ingkang mabyor mèsi pintên-pintên rêrupèning sasêkaran, ing têngah-têngahipun mawi tinêmunggulan rêca pangèngêt-èngêt.umbul pancuran utawi grojogan,punika kêdah taksih kula cariyosakên sakêdhap, mênggah endah asrinipun sampun têtela,namung tumusanipun dhatêng wardaya, anggènipun damêl [damê...]

--- 219 ---

[...l] sênêng, têntrêm ayêm, punika ingkang saklangkung nglam-lamakên dhatêng raosing driya.

Mêdal saking rue de Rome lampahipun trèm taksih mangidul jêjêg, nanging samangke ngambah radinan ingkang langkung wiyar malih mèh tikêl tiga saking wiyaripun, rue de Rome, radinan punika kawastanan promenade du Prado, saking wiyaripun radinan punika ngantos kabage dados pintên-pintên bageyan, sapinggiring radinan kiwa têngên, trotwar kangge margi tiyang jèjèripun manêngah cêkap kangge simpang-simpangan kareta kalih, kangge margi tiyang ingkang numpak kapal utawi pit,sarta kangge andhêg-andhêganing kareta,ingkang kèndêl wontên sapinggiring radinan,manêngah malih lajêng margi tiyang malih, margi punika langkung wiyar saking margi pit wau, sarta ing kanan keringipun mawi kaapit-apit ing wit-witan layanganing margi jèjèr kalih thèrèk, têngah-têngahing radinan sisih kiwa tuwin têngên kaprênah ing pinggir kangge margi trèm, têngah lêrês kangge margi kreta, grobag tuwin Oto utawi sanès-sanèsipun tutumpakan, dados sawiyaring radinan, thèthèrèk wit-witan rangkêp pitunpitung. sap sakawan, saking pamanggih kula makatên punika saening-sae, wontên ingkang kenging kangge tuladan iyasa radinan, inggih punika

--- 220 ---

radinan ingkang nêtêpi nama dalanggung. Kajoganing margi tiyang tuwin margi-margi têtumpakan warni-warni wau, sadaya botên wontên ingkang sinela utawi jinobin, nanging namung binatur kemawon ing sela kandêl sarimbag, katata ing prênah watêsaning margi tiyang, dados kajoganing margi-margi tutumpakan, sadaya sawatawis radi andhap saking sêsipataning margi tiyang.

Sakiwa-têngêning radinan, griya-griya ingkang mangku margi, manggènipun sami botên ngongkang dhatêng radinan, mèh sadaya naracak adêgipun sawatawis têbih saking watêsing margi, ngadhêp patamanan utawi wontên têngahing pakarangan, ing garis watês pinggir margi minôngka pagêr wawatêsaning capuri, manawi botên dipun pagêr banon andhap, inggih dipun pancak suji. Margi ingkang lumêbêt dhatêng pakarangan, inêb-inêbaning kontênipun, ingkang kathah-kathah inggih pinancak suji. Mênggah agênging griya-griya wau, kula botên ngumukakên, manawi mèh sadaya agêngipun sagriya kabupatèn ing tanah Jawi pasisir manca nagari, nanging manawi para maos badhe nyami, rowaning griya kabupatèn ingkang mêlaripun mubêng, mangiwa manêngên dhatêng wingking tuwin mangajêng, inggih karingkêsa, êlaripun karupêkna, sarta kaotipun lajêng kainggahn,kainggahna. kadamêla têtumpukan,

--- 221 ---

dados tundha-tundhaning pêpanggungan, manawi makatên para maos lajêng gampil sagêd ngudakawis piyambak, mênggah agêng sarta saèstu botên badhe mastani, bilih kula damêl-damêl, nyariosakên kawontênan ingkang botên nyata.

Wêwangunaning griya, ulêsing pagêr banonipun, payon, dhêmpêling kontên tuwin jandhelanipun, sadaya beda-beda, dhapuring pancak suji tuwin tugu-tugu wat-wating pancak suji, sapakarangan-sapakaranganipun botên wontên ingkang sami, satunggal lan satunggalipun kados tantang-tantangan, sagêda ngucap pindha sumbar susumbaran, sintên ingkang unggul ing pabaratan, rêbut sari anggêlarakên keni-kenining kaendahan, patamanan-patamanan ing Samarang, ingkang wontên sangajênging griya-griya Cina, kaprênah salèring margi dhatêng candhi, punapadene ingkang ngupêngi griya-griya Walandi, kaprênah satêngah-têngahing kitha Batawi, botên kirang ingkang sampun kalêbêt adi, nanging manawi katandhing kalihan patamanan-patamanan punika, sadaya wau lajêng kuciwa, botên wontên ingkang môntra -môntra, kenginga kangge papandhingan, patamanan-patamanan ingkang kula alêm saenipun samantên wau, kaklêmpakna

--- 222 ---

dados satunggal, sarta katikêlan sadasa saenipun, saèstunipun inggih dèrèng paja-paja sagêd amapakana patamanan kagunganipun Kangjêng Tuwan ingingkang. wicaksana Gupêrnur Jendral ing Bogor, ananging mênggah saening pangupakara, awiging pangrakit tuwin adining panatanipun, inggih ta dèrèng sagêd nyandhak, nanging sampun sagêd nututi.

Saking sênênging manah kula, katêmbèn ngambah radinan, ingkang samukawisipun, pangupakara, pikantuk, punapadene tata rakitipun, ngungkuli saking gêgambarsalêbêting angên-angên kula, kawêwahan ing dalêm batos, lam-lamên ngraosakên dhatêng sarining pasawangan, saking samargi-margi tansah angsal têtingalan patamanan, butnyut. manah kula saking kêsênêngên, lajêng kèngêtan dhatêng tanah wutah rah kula, karanta-ranta manah kula ngraosakên dhatêng bôngsa kula, dene sakêdhik têmên, bêbasan kenging kapetang, ingkang sugih arta, sagêd gadhah banjar pakarangan tuwin griya, nyamèni ingkang gumêlar wontên sêsawangan kula punika. Sawêg dumugi samantên anggèn kula ngraosakên malaratipun dhatêng arta bôngsa kula Jawi, manah kula sampun kula pêkak piyambak, waktuning nèm taksih sugih pangajêng-ajêng, pamêkak kula wau botên sarana pamupus, [pamupu...]

--- 223 ---

[...s,] nanging sarana suka rêna, dene samangke bôngsa kula wiwit gumrêgêt, purun tata-tata, sumêdya angadani badhe klêmpak-klêmpak, bandha, bandha kawruh, kagunan tuwin arta, kinawitan saking sinau, ulah kawignyan utawi lampah dagang babrandonan, inggih nadyan ing bab padagangan, sapunikanipun sawêg sagêd dumugi sêsadeyan punapa kabêtahaning griya, manawi kawontênan punika kapandhing kalihan ingkang nêmbe kapêngkêr, ing sawatawis inggih sampun sagêd damêl lêga.

Èngêt dhatêng bôngsa kula Jawi, sarèhning taksih wontên salêbêting sênêng, kawimbuhan ing dalêm manah radi kaladuk anggèn kula ngunggar pangajêng-ajêng, sanalika kula lajêng kèngêtan dhatêng kamaulyan tuwin kawiryan Jawi. Para maos sampun kalintu tampi ingkang kula èngêti sanès kawibawanipun priyagung luhur satunggal kalih, ingkang jaman samangke sampun kaanggêp gadhah kamulyan tuwin sagêd ulah kawiryan, punika tilasipun kemawon sanès, mila inggih sanès punika ingkang kula èngêti, nanging kamulyan tuwin kawiryan, ingkang dados babanciking adêgipun kaluhuraning darajat bôngsa. Botên ingkang taksih kenging kasawang ing jaman sapunika, botên, sanès punika, awit manawi sapunikanipun, bôngsa kula Jawi saking sangêting [sangê...]

--- 224 ---

[...ting] kamlaratanipun, salugunipun sampun kenging kawastanan sêpên ing kamulyan tuwin kawiryan, dene ingkang kula èngêti punika mila inggih kala jaman karaton Dêmak, Pajang utawi Mataram, nalika bôngsa kula Jawi taksih gadhah kasudiran tuwin kaprawiran, ungguling ngayuda, kasugihan, simpên mas picis raja brana, tuwin kaluhuran kajèn kèringan ing pintên-pintên praja, dêdêling gagasan, kabêkta saking manah kêsakecanên kataman gênging raos sênêng, tuwin nikmating pangajêng-ajêng, ingkang gumambar salêbêting èngêtan kula, lajêng kaluhuraning kraton ing Jênggala, duk namaning bôngsa Jawi ngambar arum ngèbêki sanuswantara, Sang Prabu Suryawasesa ing sabên tanggal warsa, nampèni bulubêkti, guru bakal guru dadi, saking nuswa kancana tuwin nuswa Bali, praja ing Siyak, Sokadana tuwin Endragiri.

Para maos sampun sêling sêrêp, mênggah pangajêng-ajêng kula ingkang tumrap bôngsa kula, punika botên murih supados bôngsa kula gadhaha jajahan malih kados ing jaman kina, botên, têbih saking punika. Tindaking bôngsa anêluk-nêlukakên sanès bôngsa, ing jaman sapunika sampun botên kacara, mila ingkang kula ajêng-ajêng, inggih namung sagêda ngambar arum malih namaning bôngsa kula, dadosa sêkar malih tumrapipun sawawêngkon nuswantara, manda mana [ma...]

--- 225 ---

[...na] kalihan daya urubing kamulyanipun dhatêng pêpêtênging tanah Indhiya, dene wontênipun kula mawi ngucap kaluhuranipun karaton ing Janggala, punika botên saking punapa, amung saking kèngêtan kula dhatêng satunggiling lêlampahan ringgit wasana (ringgit wacucal gêdhog tuwin kalithik, kasimpên dados sakothak, punika kawastanan ringgit wasana, kangge ambedakakên kalihan ringgit rama, purwa utawi madya).

Saking manah isi gagasan ingkang makatên, griya-griya sauruting Promenade du Prado ingkang pating janggêlêk kinêpung ing patamanan asri, ing pasawangan kula lajêng prasasat malih warni, wêwangunaning griya agêng dados wanda, pasang rakitipun dados uparêngganing busana, ulêsipun dados ulat-ulatan, griya agêng ingkang pagêr banonipun abrit amarakata, kanan kering rinambatan ing tarulata, katingalipun ing pasawangan kula, lajêng gadhah wanda galak, mirip dhatêng wandaning kêdhok ingkang kangge mujudakên Prabu Klana. Rumambating tarulata ngrêmbuyung kandêl angapit adhêping griya, pindha muwêring gogodhog ingkang tinumpangan onte-onteyaning sumping rêtna, rineka gugubahan Surèngpati. Mungguling payon kasêlan ing lanciping pucak panggungan, ingkang winangun [wi...]

--- 226 ---

[...nangun] kadi mênara, pindha wanguning têtêkês, ingkang kinancing ing grudha marêp, grudha mungkur, utah-utahaning garudha, rineka sagara muncar. Griya ingkang agêngipun sambada, pagêr banonipun kapuronta, gadhah sêmu baranyak sajak ladak, ing pasawangan kula katingal kados paraènanipun, klana nèm ing Tunjung Seta. Griya sèbêt, pagêr banonipun pêthak gadhah pasêmon kadi ngampêt èsêm, mênggah atopèng paraupanipun Gunung Sari. Ingkang pinêksa sêmu sumèh, anggèn kula ngiribakên dhatêng Dèwi Ragil Kuning, ingkang luruh kaduk wingit, dhatêng Dèwi Sêkar Taji, kalih thèrèk ajêng-ajêngan dados tinata, wêwangunanipun anggugah manah kula, kados ngakèn ngiribakên dhatêng wandaning kadang wandeyan putra ing Jênggala, wontên ingkang kados Radèn Harya Brajanata, kados Radèn Panji Inokartapati, inggih Kudarawisrêngga, Kados Radèn Panji Sinom Pradapa, utawi kados Wirun, Undaga tuwin Kartala. Kapanjangên manawi kula lajêng-lajêngna, dene ingkang wangunipun kirang dados manah kula, kados ta: tanpa ngêngrêng, cêbilak, utawi kirang wangun, anggèn kula ngèmpêr-ngèmpêrakên inggih radi siya-siya, inggih punika yèn kêdhoka, inggih paraènanipun rêtna Cindhaga, Têmbêm Sêmbung Langu, utawi Sinjang Laga.

--- 227 ---

Dumugi prapatan agêng, trèm ingkang kula tumpaki saprikônca, lampahipun nêkuk ngidul ngilèn, bablas ngantos dumugi sapinggiring sagantên, radinan punika taksih lêstantun nama Promenade du Prado, sakiwa têngêning margi, griya-griya sampun ngawis-awisi, nanging kawontênanipun patamanan tuwin pakêbonan saya nglangkungi. Dumugi pratigan sapinggiring sagantên, trèm lajêng nêkuk ngalèr ngilèn mêdal radinan ingkang turut sapinggir muwara. Radinan punika dipun wastani "chemin de la Corniche" mênggah saening pasawangan ing ngriku sampun botên kadosa, sisih kiwa sabaweraning pangaksi, kêbak kèbêkan biruning samodra, biru pêtêng ingkang pindha ulês dhadhaning manyura, kuwunging antariksa, ingkang tumangkêp gathuk kalihan we-ning samodra, ulêsipun biru bêning maya-maya . sampun lêrês kemawon pasisir ing ngriki mangetan ngantos dumugi kitha Genuwah bawah Itali, sagantên karan Côte d'Azur (pasisir biru) tiyang ulês biruning sagantên mêlêsipun ngantos samantên, satêngêning margi, wiwit garis watêsing radinan, sitinipun mayat minggah, saya inggil saya nyêngkrèk inggahipun, nandhakakên manawi pandamêlipun radinan punika mawi mapar pungkas-pungkasaning suku rêdi padhas, ingkang wontên sapinggiring sagantêning ngriku. Rèng-rèngipun pasitèn [pasi...]

--- 228 ---

[...tèn] satêngêning margi, botên pisan damêl wêgahipun ingkang sami sumêdya gigriya ing ngriku, manawi nitik kawontênaning griya-griya, agênging kawujudanipun, saening wêwangunanipun, tuwin asri malelaning prênahipun, pasitèn ing ngriku kados kapara dados pilihan, kathah griya-griya ingkang prasasat karaton, tanpa wilangan kawontênanipun patamanan tuwin pakêbonan ingkang ngasorakên pasanggrahan tuwin pacangkramanipun para sultan utawi raja ing tanah Indiya wetan, griya-griya Administraturing pabrik-pabrik ing tanah Bogor tuwin Priyangan, ingkang asri adi tuwin pèninipun, rumiyin sampun damêl sangêt kascaryaning manah kula, manawi kula pandhing kalihan punika, kantun prasasat dolanan lare, mênggah kaendahaning kawujudanipun, punapadene pambabaripun pasawangan dhatêng ingkang sami ngênggèni, saking panimbang kula, inggih kaparaa sadasa pisan, ingkang kula sumêrêpi ing tanah kalairan kula, mêksa dèrèng môntra -môntra, kenginga kangge papandhingan kalihan ingkang kula sumêrêpi punika, jurang pèrèng kêbak kêkajêngan agêng-agêng, sinêlang-sêling ing patamanan ingkang mawi pasrèn rêca pêthak agêng-agêng, punika samargi-margi kados beda sampun botên wontên pêdhotipun, ijêming [ijê...]

--- 229 ---

[...ming] tarulata, panjrahing sasêkaran, kala-kala kapêdhot ing jalèrèhing margi alit, saking lêlêngkèhing wukir, nikang-nikung kados mawi ngupados sanggrokan rumambatipun dhatêng agraning ngaldaka, pindha kumlèwèring roroncèn sêkar malathi, ingkang tumumpang rarajangan godhong pandhan, sinubal ing prèthèlaning sêkar rêgulo. Blumbangan rineka kados talaga, botrawi utawi sêndhang, pancuran winangun kadi grojogan, bêbasan pating talècèk, kadhang kala sawiyaring patamanan utawi pakêbonan, wontên ingkang katrajang ing radinan wiyar, murih kengingipun kangge margi kareta Oto utawi sanèsipun tutumpakan, samantên punika namung manawi pakaranganing griya saklangkung saking wiyaripun, dene griya ingkang prasasat tanpa pakarangan, manggèning pasrènipun, dumunung wontên ing undhak-undhakan, inggih punika wontên ing sêsêkaraning hèkipun, asrining inggah andhapipun, utawi parigêling panêkuk tuwin panikungipun. Botên ngêmungakên gèdhèg-gèdhèg kemawon, manawi kula ngraosakên kasugihan tuwin kanikmatanipun bôngsa Eropah ingkang sami gigriya ing ngriku.

Griya ingkang agêng-agêng, tuwin banjar pakaranganipun wiyar-wiyaripun samantên wau, kacariyos ingkang darbèni

--- 230 ---

utawi ngênggèni, bôngsa luhur, inggih punika bôngsa Eropah, (dados botên ngêmungakên bôngsa Prasman kemawon) ingkang gadhah sasêbutan, kados ta: markies, baron, graaf, ingkang nandhakakên manawi trahing ngawirya. Kajawi bôngsa luhur, ugi bôngsa hartawan, inggih punika tiyang ingkang gadhah sasitèn, sapanunggilanipun, ingkang kasugihanipun arta sampun botên kirang saking sayuta. Katingal punapa manawi bagus kula Tasripin kula tandhingakên kalihan para hartawan punika, E nadyan U I tiyongham pisan, agul-aguling sodagar Cina ing nuswantara, botên ngêmungakên ing bab griya tuwin kasênênganipun kemawon, nadyan ing bab bandhanipun, kintên kula taksih têbih sagêdipun nyamènana dhatêng bandhanipun para hartawan punika. Nanging ngantos judhêg manah kula, kathik kawontênanipun ing kitha Marsèlyê kemawon sampun wontên ingkang kados makatên, sarèhning punika sawêg susungutipun ingkang badhe kula sumêrêpi sadaya, gèk saiba benjing sanès-sanèsipun, kados ta: kawontênanipun ing kitha Paris sasaminipun.

Wiwit ngambah radinan chemin de la Corniche lampahing trèm sampun mayat minggah, dumugi sacêlaking suku rêdi, ingkang sawatawis, nglonjok dhatêng sagantên, margi trèm kabobolakên [ka...]

--- 231 ---

[...bobolakên] mungguling pupunthuk, lampahing trèm lajêng saya tambah mayat, samangke menggok ngalèr ngetan turut lêlêngkèhing parêdèn, lampahing trèm mayat minggah mêdal ing margi ingkang dipun wastani chamin d'Endoume. Sakiwa têngêning margi, ingkang katingal ing samangke, mèh ajêgan sela tuwin parang, kawontênanipun griya-griya sampun awis sangêt, tur manawi wontên inggih saklangsaklangkung. alit (katimbang kalihan ingkang sampun kalangkung), kala-kala inggih mawi nrajang pakampungan sawatawis agêng, nanging kawontênanipun griya-griya, inggih alit sadaya, wah bèrès, prasasat tanpa mawi rêrênggan sakêdhik-kêdhika. (alit-aliting griya ing ngriku mêksa inggih taksih tundha kalih utawi tiga).

Nêkak-nêkukipun lampahing trèm ingkang kula tumpaki, manawi katurut wontên ing gambar kar, kados badhe damêl pasangan aksara: naging jugag ngajêngakên panugêlipun pêthi dhatêng antawising murda. Ing prênah jugagipun: na: gondhelan wau, kula saprikônca lajêng mandhap, lêrêsipun wontên têngah-têngahing prapatan, ingkang dumunung satêngahing pakampungan, anggèn kula mastani pakampungan, punika kasabab ing ngriku taksih kalêbêt wawêngkoning kitha, dados kula namung badhe mratelakakên bilih sanès [sa...]

--- 232 ---

[...nès] dhusun, awit saking punika têmbung kula pakampungan wau, sampun pisan nuwuhakên panggalihipun para pamaos, bilih ing ngriku punika, kawontênaning ngèmpêri dhatêng pakampungan ing tanah Jawi, rêja rêsik tuwin saenipun ing ngriku nadyan têbih saking têlênging kitha, botên kawon kalihan papan ingkang dipun adêgi loji-loji, têngah-têngahing kitha agêng ing tanah Jawi. Radinan-radinanipun ing ngriku sadaya katatanan sela, trotwaripun kajobin, griya-griya pêpanggunganipun sungsun tiga sakawan, adêgipun sadaya mangku radinan, urut sasipat pipit-pipitan, namung bedanipun radinan ing ngriku manawi katimbang kalihan têlênging kitha agêng ing tanah Jawi, inggih sampun kirang rêja.

Mêntas numpak trèm watawis tigang prapat jam, linggih têrusan, lajêng lumampah, tur botên ribêt saking susukaning tiyang, raosipun manah lêga, bêntèring srêngenge, nadyan sampun diwasa, sarèhning namung manda-manda, tumrapipun dhatêng badan botên sumuk, nanging kapara andadosakên sakeca.

Lampah kula saprikônca mandhêg mayong jalaran sadaya sami salah wèng-wèng, ningali dhatêng kawontênanipun sakiwa têngêning margi, kajawi punika mayating margi nyêngkèkipun sangêt, mila inggih kêpêksa lumampah radi tamban-tambanan, [ta...]

--- 233 ---

[...mban-tambanan,] andêdêr minggah angsal watawis sadasa mênit, turut margi ingkang kaapit-apit ing griya alit-alit, cèkli-cèkli, kula saprikônca dumugi wontên palataran sawatawis wiyar. Ing têngahing palataran mawi wontên bundaranipun pinancak suji andhap, isinipun patamanan kêbak sasêkaran, sawingkinging bundêran sawatawis têbih, wontên griyanipun pagêr banon agêng, dalah payonipun ingkang wujudipun malênthuk kados tutup tenong, inggih kadamêl saking banon, bokmanawi inggih griya makatên punika ingkang pandamêlipun kacithak mawi bandha sêmèn bêton, awit sarêng kula cêlaki, tembok tuwin saka-sakanipun, botên wontên ingkang tabêt lepan, botên wontên tilas-tilasipun sambêtan, griya wau wangunipun kados mêlige agêng, blak-blakan kemawon kados pandhapa, amung ing têngahipun kapering radi wingking, katingal wontên singgêtanipun istha kakamaran mawi kaêlêtan ing hèk kalih sap, sasampunipun tumbas karcis dhatêng tiyang ingkang jagi wontên ing ngriku, kula saprikônca lajêng kaatag ing juru pangirid, kapurih malêbêt dhatêng kamaran wau. Ukuraning kamaran watawis cêkap kangge ngadêg tiyang sadasa, ing têngah-têngah wontên mejanipun, kiwa têngên wontên bangkunipun, rakitipun, nyimpanga [nyimpang...]

--- 234 ---

[...a] inggih namung sakêdhik, sampun plêg kados garêbong sêpur. Botên watawis dangu tiyang ingkang jagi kamar, suwau wontên njawi, lajêng tumut malêbêt dhatêng kamar, sasampunipun kontêning kamar katutup, piyambakipun lajêng mijêt pijêtan ingkang dumunung sacêlaking inêb-inêbaning kontên, dêl kanthi nyuwantên kados kerekanmuwêr, binarung ing swantêning pangêthèkipun lampahing rodha ingkang mawa untu, kamar ingkang kula linggihi saprikônca lumampah minggah. Nginguk anguk-anguk kaca sakiwa têngêning kamar, utawi sangajênging kamar, ing prênah panggenaning kontên, prênah ing kitha Marsèlyê dalah pasitèn sakiwa têngênipun, katingal wela-wela, rakiting êndhakipun siti, prênah adêging kitha Marsèlyê.

--- 0 ---

R. Purwa Suwignya. Pakêm Ringgit Purwa IV (aksara latin) ... f 0,14 / R. Purwa Suwignya. Pakêm Ringgit Purwa VVI (aksara latin) ... f 0,26 / R. Purwa Suwignya. Pakêm Ringgit Purwa VIII VII (aksara latin) ... f 0,24 / M. Prawira Sudirja. Bab bako garangan ... f 0,11 / M. Puja Arja. Niti karsa ... f 0,09 / R. M. Mangkudimeja. Serat Purwa Wahya ... f 0,19 / R. Wirya Susastra. Dongèng Manca Warni ... f 0.10 / R. M. Mangkudimeja. Sêrat Pararaton I ... f 0,15 / R. M. Mangkudimeja. Sêrat Pararaton II ... f 0,50 / R. M. Mangkudimeja. Sêrat Pararaton III ... f 0,31 / R. Sasraprawira. Biung Kuwalon ... f 0,04 / R. Dirja Subrata. Gara-Gara ... f 0,10 / Arja Suwita. Pasrèn ... f 0,05 / R. M. Mangkudimeja. Asalipun Ringgit ... f 0,36 / Buku Melayu / Abdullah bin Abulkadir. Kisah pelayaran ke negeri Judah ... f 0,05 / Anggawinangun. Hikayat Panji Sumirang I ... f 0,16 / Anggawinangun. Hikayat Panji Sumirang II ... f 0,14 / Anggawinangun. Pemimping bagi orang yang hendak memilih pencaharian I ... f 0,10 / Anggawinangun. Pemimping bagi orang yang hendak memilih pencaharian Serie A IV ... f 0,08 / Anggawinangun. Pemimping bagi orang yang hendak memilih pencaharian Serie B 1 ... f 0,08 / Hikayat Pelanduk Jinaka ... f 0,14 / Dr. Uwehand. Pembela Orang Sakit ... f 0,37 / D. K. Ardiwinat. Kitab Nasihat kepada orang bercocok tanam I dan II ... f 0,25 / Hikayat Langlang Buana ... f 0,16 / D. K. Ardiwinata. Dari hal kecermatan, persekutuan, enz ... f 0,17 / Muh. Yusuf. Pemeliharaan diri ... f 0,10 / M. Wignya Amidarma. Pembantahan antara Pest dan Kolera ... f 0,02 / D. K. Ardiwinata. Pemerintahan Nederland dengan Hindia ... f 0,80

--- 0 ---

SERAT TJARIOS Kêkesahan saking tanah Jawi dhateng nêgari Wêlandi

DOOR Raden Mas ARIO SURYASUPARTA EERSTE DEEL Van SEMARANG tot MARSEILLE WELTEVREDEN FILIAAL ARBRECHT & Co 1916